Sastra Jawa

Program Digitalisasi Sastra Daerah

  • Increase font size
  • Default font size
  • Decrease font size

Babad Tanah Jawi, Balai Pustaka, 1939-41, #1024 (Jilid 07)

Katalog:Babad Tanah Jawi, Balai Pustaka, 1939-41, #1024
Sambung:
1.Babad Tanah Jawi, Balai Pustaka, 1939-41, #1024 (Jilid 01). Kisah, Cerita dan Kronikal | Babad Tanah Jawi #1010.
2.Babad Tanah Jawi, Balai Pustaka, 1939-41, #1024 (Jilid 02). Kisah, Cerita dan Kronikal | Babad Tanah Jawi #1011.
3.Babad Tanah Jawi, Balai Pustaka, 1939-41, #1024 (Jilid 03). Kisah, Cerita dan Kronikal | Babad Tanah Jawi #1012.
4.Babad Tanah Jawi, Balai Pustaka, 1939-41, #1024 (Jilid 04). Kisah, Cerita dan Kronikal | Babad Tanah Jawi #1013.
5.Babad Tanah Jawi, Balai Pustaka, 1939-41, #1024 (Jilid 05). Kisah, Cerita dan Kronikal | Babad Tanah Jawi #1014.
6.Babad Tanah Jawi, Balai Pustaka, 1939-41, #1024 (Jilid 06). Kisah, Cerita dan Kronikal | Babad Tanah Jawi #1015.
7.Babad Tanah Jawi, Balai Pustaka, 1939-41, #1024 (Jilid 07). Kisah, Cerita dan Kronikal | Babad Tanah Jawi #1016.
8.Babad Tanah Jawi, Balai Pustaka, 1939-41, #1024 (Jilid 08). Kisah, Cerita dan Kronikal | Babad Tanah Jawi #1017.
9.Babad Tanah Jawi, Balai Pustaka, 1939-41, #1024 (Jilid 09). Kisah, Cerita dan Kronikal | Babad Tanah Jawi #1018.
10.Babad Tanah Jawi, Balai Pustaka, 1939-41, #1024 (Jilid 10). Kisah, Cerita dan Kronikal | Babad Tanah Jawi #1019.
11.Babad Tanah Jawi, Balai Pustaka, 1939-41, #1024 (Jilid 11). Kisah, Cerita dan Kronikal | Babad Tanah Jawi #1020.
12.Babad Tanah Jawi, Balai Pustaka, 1939-41, #1024 (Jilid 12). Kisah, Cerita dan Kronikal | Babad Tanah Jawi #1021.
13.Babad Tanah Jawi, Balai Pustaka, 1939-41, #1024 (Jilid 13). Kisah, Cerita dan Kronikal | Babad Tanah Jawi #1022.
14.Babad Tanah Jawi, Balai Pustaka, 1939-41, #1024 (Jilid 14). Kisah, Cerita dan Kronikal | Babad Tanah Jawi #1023.
15.Babad Tanah Jawi, Balai Pustaka, 1939-41, #1024 (Jilid 15). Kisah, Cerita dan Kronikal | Babad Tanah Jawi #1024.
16.Babad Tanah Jawi, Balai Pustaka, 1939-41, #1024 (Jilid 16). Kisah, Cerita dan Kronikal | Babad Tanah Jawi #1025.
17.Babad Tanah Jawi, Balai Pustaka, 1939-41, #1024 (Jilid 17). Kisah, Cerita dan Kronikal | Babad Tanah Jawi #1026.
18.Babad Tanah Jawi, Balai Pustaka, 1939-41, #1024 (Jilid 18). Kisah, Cerita dan Kronikal | Babad Tanah Jawi #1027.
19.Babad Tanah Jawi, Balai Pustaka, 1939-41, #1024 (Jilid 19). Kisah, Cerita dan Kronikal | Babad Tanah Jawi #1028.
20.Babad Tanah Jawi, Balai Pustaka, 1939-41, #1024 (Jilid 20). Kisah, Cerita dan Kronikal | Babad Tanah Jawi #1029.
21.Babad Tanah Jawi, Balai Pustaka, 1939-41, #1024 (Jilid 21). Kisah, Cerita dan Kronikal | Babad Tanah Jawi #1030.
22.Babad Tanah Jawi, Balai Pustaka, 1939-41, #1024 (Jilid 22). Kisah, Cerita dan Kronikal | Babad Tanah Jawi #1031.
23.Babad Tanah Jawi, Balai Pustaka, 1939-41, #1024 (Jilid 23). Kisah, Cerita dan Kronikal | Babad Tanah Jawi #1032.
24.Babad Tanah Jawi, Balai Pustaka, 1939-41, #1024 (Jilid 24). Kisah, Cerita dan Kronikal | Babad Tanah Jawi #1033.
25.Babad Tanah Jawi, Balai Pustaka, 1939-41, #1024 (Jilid 25). Kisah, Cerita dan Kronikal | Babad Tanah Jawi #1034.
26.Babad Tanah Jawi, Balai Pustaka, 1939-41, #1024 (Jilid 26). Kisah, Cerita dan Kronikal | Babad Tanah Jawi #1035.
27.Babad Tanah Jawi, Balai Pustaka, 1939-41, #1024 (Jilid 27). Kisah, Cerita dan Kronikal | Babad Tanah Jawi #1036.
28.Babad Tanah Jawi, Balai Pustaka, 1939-41, #1024 (Jilid 28). Kisah, Cerita dan Kronikal | Babad Tanah Jawi #1037.
29.Babad Tanah Jawi, Balai Pustaka, 1939-41, #1024 (Jilid 29). Kisah, Cerita dan Kronikal | Babad Tanah Jawi #1038.
30.Babad Tanah Jawi, Balai Pustaka, 1939-41, #1024 (Jilid 30). Kisah, Cerita dan Kronikal | Babad Tanah Jawi #1039.
31.Babad Tanah Jawi, Balai Pustaka, 1939-41, #1024 (Jilid 31). Kisah, Cerita dan Kronikal | Babad Tanah Jawi #1040.

Serie No. 1289f

Babad Tanah Jawi

Jilid: 7

Adipati Pathi ambalela. Nagarinipun lajêng kabêdhah dening prajurit Mataram. Panêmbahan Senapati seda

Bale Pustaka - Batawi Sèntrêm - 1940

--- 7 : [1] ---

...

--- 7 : [2] ---

Wêwênangipun ingkang ngarang kaayoman miturut anggêr ingkang kapacak ing Sêtatsêblad 1912 No. 600

--- 7 : [3] ---

Senapati ing Kadhiri nungkul aris dhatêng Wong Agung ing Mataram.

129. ature dhatêng sang aji | kawula datan lênggana | sumôngga ing karsa katong | apan tan ngraos kawula | yèn adarbea kadang | apan abdi sang aprabu | sanadyan pun Senapatya ||

130. tan rumaos gadhah osik | myang pêjah gêsang kawula | kawêngku dhatêng sang katong | apan ing têdhak-tumêdhak | ing pangabdi kawula | dhumatêng tuwan sang prabu | Panêmbahan angandika ||

131. lah iya Ki Senapati | agêdhe tarimaningwang | ing prasêtyanira mring ngong | amung ta pangèstuningwang | gêdhe jêbèng mring sira | Senapati malih matur | inggih pukulun kawula ||

132. tan anyipta gusti malih | badan sakojur punika | apan konjuk ing sang katong | nadyan nyawa patik nata | pundhutên tan lênggana | mung tuwan gusti satuhu | ing awal akir punika ||

133. Panêmbahan ngandikaris | mring sira Ki Senapatya | myang saprakaranya manèh | hèh Ki Senapati ingwang | iya wêruhanira | durung duwe kutha ingsun | lah ngong karyakêna kutha ||

134. Senapati awotsari | pukulun atur kawula | yèn sambada karsa katong | sakathah wadyèng Mataram | kinèn samya karyaa | banon sela pêthak wau | karyaa dipun akathah ||

--- 7 : 4 ---

135. nuntên dikakêna sami | sakathah wadyangwadyèng. Mataram | anyênyithak banon malèh | banon abrit kinaryaa | inggih kintên dadosa | kitha bacingah kang agung | nata suka artatinya ||

47. Dhandhanggula

1. ri sampuning mangkana wadyalit | pinangarahan samya akarya | batabang myang bata putèh | sampuning karya wau | bata abang putih cumawis | sêmana wong Mataram | pan samya anambut | kitha bacingah kinarya | karya kitha bêbolongan tan amawi | Panêmbahan ngandika ||

2. sutèng ulun jêbèng Senapati | dènnya karya kutha tan amawa | lêlompongan ing bêdhile | kadyapa têmahipun | Senapati aturiraris | sêdya ulun manawa | wontên mungsuh rawuh | wong Mataram angêkêba | jroning kitha yèn maksih amrêp Matawis | ulun mêthuk ing jaba ||

3. sampun cêlak lan nagri Matawis | inggih ulun ingkang amaguta | atalang pêjah gêsange | yèn kongsia anêmpuh | ripu ngambah têpi nagari | ulun apan awirang | mulat wong Matarum | akathah yyan kawarnaa | karya kutha bacingah apan wus dadi | sêmana binabadan ||

4. karêngèng toya marga ing bumi |Sengkalan: karêngèng toya marga ing bumi (1542 A.J.). wus ing mangkana natèng Mataram | mijil awan ring gajahe | sri narendraris muwus | lah ki jêbèng payo anitih | dipôngga atunggalan | lawan jênêng ingsun | Senapati atur sêmbah | nuwun duka kawula anuwun ajrih | dados [dado...]

--- 7 : 5 ---

[...s] punapa amba ||

5. kamipurunipun Senapati | jajara lawan paduka nata | ila-ila pinanggihe | pan kawula pukulun | dahat ajrih cêlêk ing gusti | inggih dharat kewala | pan lampahing ulun | Panêmbahan sigra mojar | apan kita jêbèng ngantya ngong turuni | Senapati gya nêmbah ||

6. saha ngrêpa muka lir konjêm ing | siti anulya ngunggahi ôndha | kang munggèng liman sirage | sampun praptèng ing luhur | liman sampun Ki Senapati | umunggwing ing palana | linggihira bukuh | mêmpis-mêmpis saking jrihnya | gajah siji kinaroron myang sang aji | lawan Ki Senapatya ||

7. rajèng Mataram sigra dènnyangling | hèh ki jêbèng Senapati ingwang | nguni mirsa wirayate | pucang tirisanipun | ing Mataram wruhanta benjing | wong wetan kang angrusak | myang kang tanêm tuwuh | umatur Ki Senapatya | yèn èstua wirayat punika benjing | ulun dahat awirang ||

8. aningali wadya ing Matawis | yèn wong wetan èstu angrusaka | tanêm tuwuh Matarame | yèn taksih gêsang ulun | ing Mataram têmahan rêmpit | myang wong wetan kongsia | dhatêng ing Matarum | pan lêwih ulun awirang | mulat ingwang panêdha ulun ing Widi | ping rwa mring Rasulullah ||

9. punika yyan wong wetan dhatêngi | inggih ulun apunagi benjang | panêmbahan ris dêlinge | kang mangkara sutèngsun | apan uwis gaib ing Widi | pasthi tan kênèng owah |

--- 7 : 6 ---

lan wingi turipun | kajinêman pan sakèhnya | wong bang wetan arsa adus ing Sêmanggi | dening kang ngirid lampah ||

10. iya si adipati ing Gêndhing | kang angiring wong ing Pasuruan | tan kantun Surabayane | kang ngirid lampahipun | iya Adipati Pasagi | lan Ki Rôngga Lêlana | ing Kadhiri iku | mangkana Ki Senapatya | atur sêmbah mring nata inggih rumiyin | wong bang wetan punika ||

11. apan ta sampun ulun ayoni | satunggal datan wontên puruna | sang nata aris dêlinge | lah jêbèng sutèng ulun | apan padha titahing Widi | iya Ki Senapatya | aywa kita ujub | kibir iya myang sumangahsumungah. | apan padha kawulanira Hyang Widi | tan kêna minajanan ||

12. rèhning aurip puniku kaki | pan karsaning Hyang kita nganggea | ing sokur lawan rênane | Senapati wotsantun | langkung nuhun barkat sang aji | kasuhun ing mastaka | sih tuwan kang dhawuh | sampunnya ngidêri kutha | Sri Bupati Mataram mring pôncaniti | sigra têdhak sing liman ||

13. myang Senapati tumurun aglis | saha wotsêkar saking dipôngga | sarya mangrêpa lungguhe | dahat dènnya abukuh | mukanira konjêm ing siti | Panêmbahan ngandika | tangia sirèku | sutèng ulun Senapatya | alinggiha lawan arinira kalih | ingong mantuk ing pura ||

14. lah aywa kita mantuk tumuli | sutèng ulun sigra Panêmbahan | jêngkar wus manjing purane |

--- 7 : 7 ---

kang para garwa sampun | ingandikan sadaya sami | mantri aglar pasowan | ajêjêl supênuh | myang para putra sadaya | maksih pêpêk miwah pra santana sami | jajar lan Senapatya ||

15. kawarnaa kang anèng jro puri | sri narendra akèn nimbalana | maring jro Senapatine | myang sakèh sutèng ulun | aja bubar maksiha linggih | ana ing pagêlaran | yèn mangkya wus mêtu | sutèng ulun Senapatya | luwarana ri sang duta nêmbah mijil | andhawuhkên andika ||

16. hèh Ki Senapati kita mangkin | ingandikan manjinga jro pura | sakèh putra nata kabèh | aywana bubar gupuh | maksih amagêlaran nangkil | myang pra mantri santana | maksiha alungguh | yèn Senapati wus mêdal | kita kabèh luwarana bubar mulih | sigra Ki Senapatya ||

17. gya sikêp wêdhung kunca winiwir | saha tinêkuk jrih lumungsura | ing siti sigra lêbête | ing jro pura wus katur | ri nata gya kinèn umanjing | tan antara wus prapta | ing ngarsa sang prabu | dahat jrih mulat ing graha | lampahira mangrêpa agya alinggih | munggèng ing palataran ||

18. mukanira lir konjêm ing siti | sigra ingawe kinèn manjinga | sang nata sigra dêlinge | hèh maraa ing ngayun | sutèng ulun linggiha nginggil | jajar lan ibunira | Senapati dhêku | umatur saha wotsêkar | nuwun duka pun Senapati pan ajrih | yèn ajajara lênggah ||

19. mila sangêt nuhun duka aji | ajrih gênging walat ing

--- 7 : 8 ---

narendra | pun Senapati yêktose | suka ngandhap alungguh | anaosi ing karsa aji | sang nata sigra mojar | apa sutèng ulun | nganti ngong turuni kita | biyangira mêngko ngong kon anuruni | ngrowangi linggih kita ||

20. Senapati sigra awotsari | agya nèlèhakên dhuwungira | Panêmbahan sigra linge | ywa kita sèlèh dhuwung | gya ingangge dhuwungirèki | nulya minggah anglungsar | angesod umaju | wus prapta ngarsaning nata | gya cinandhak kinèn alinggiha nginggil | jajar myang para graha ||

21. Senapati abukuh de linggih | tumungkul taman keguh ing wulat | saha ciptaning jro tyase | apa walês ing besuk | dening natasih andhatêngi | sangêt mring ulun iya | pêpundhutan sampun | praptèng ngarsa sigra dhahar | sri bupati garwa papat ambêng nunggil | kanêm myang Senapatya ||

22. asri wong dalêm ngadhêp ing siti | nèng bêbatur kasongan ing kayyan | kang warni papêthètane | samya sêkar mrih arum | dangu nganti nata abukti | dènnya dhahar wus wisan | linorodan sampun | rampadan samya tinadhah | kasungan ing pang nagapuspa tulyasri | wau Ki Senapatya ||

23. dahat dènira binojakrami | Senapati dènirèng narendra | kalangkung ing sih mulane | ngangkah putra pambayun | de narendra Ki Senapati | langkung ing ajrihira | sang nataris muwus | lah ki jêbèng Senapatya | dening kita durung nganggo

--- 7 : 9 ---

sun tingali | bêbadhong kang prayoga ||

24. apan kita tan dhêmêna kaki | Senapati sigra awotsêkar | saha mangrêpa ature | inggih adarbe ulun | kang bêbadhong nanging satunggil | inggih sampun arisak | myang niyakanipun | pan sampun têlas sadaya | Panêmbahan sigra angandika aris | hèh kaki Senapatya ||

25. iya biyangira duwe kêndhit | lah iku jêbèng kita jaluka | maksih bêcik niyakane | pasthi sinungkên iku | maring kita Ki Senapati | yèn kita kang jaluka | tan bisa nora sung | biyangira maring kita | kagyat ing tyas Senapati mirsa kang ling | sang prabu ing Mataram ||

26. angartika ing tyas Senapati | iya iki baya ana apa | sang nata iki wuwuse | pan tan kawawèng ulun | nanggêni sihirèng narpati | susunan ngong Mataram | sun têdha Hyang Agung | tulusa amangkuning rat | sinebaa sakathahe para aji | nanging ta angganingwang ||

27. mugi-mugi panêdhèngsun Widi | kawalêsa sihe gustiningwang | myang panêdhèngingsun malèh | maring Allah Kang Agung | benjang lamun manggih ing jurit | muliha binandhosa | iya angga ulun | nadyan datan palastraa | raganingwang ayya wande nandhang kanin | saking tan kawawèngwang ||

28. dening sangêt sihirèng narpati | apa ta wêwangsulan ing wadya | tan lyan ing têguh tuhune | ri kang bêbadhong wau | Senapati sampun rinakit | sang nata sigra mojar | jêbèng sutèng [su...]

--- 7 : 10 ---

[...tèng] ulun | lah uwis kita muliha | Senapati sigra manêmbah siraglis | mundur sing ngarsa nata ||

29. Senapati apan sampun mijil | sapraptanirèng ing pagêlaran | para niyaka wruh kabèh | yèn Senapati mantuk | kang asowan sadaya sami | bubar mantuk sadaya | praptèng wisma sampun | tan kawarna lamineka | ing Mataram sigêgên datan winarni | ana lèn winursita ||

43. Mataram dipun lurugi dêdamêl saking bang wetan

30. wong agung wetan mangkya winarni | barisira pan sampun tinata | obra kumrab gêgamane | ika ta karsanipun | anglurugi dhatêng Matawis | ingkang angirid lampah | adipati iku | ing Gêndhing lan Surabaya | satunggile inggih Dipati Pasagi | myang Ki Rôngga Lêlana ||

31. wus lumampah wau ingkang baris | kandhêg Madiun ngantosi ika | gêgaman etan pêpêke | dene ingkang lumaku | wadyèng Japan Wirasabèki | ing Malang Pasuruan | Singasari tumut | Lumajang myang Panarukan | Pugêr Pêri Cakru lawan Banyakputih | Dipati Ngrênon prapta ||

32. nagari kidul ika winarni | ing Sêmangêt Balitar myang Rawa | Kalangbrèt Panaragane | nagri pasisir iku | ing Lamongan lawan Garêsik | Sidayu myang ing Tuban | ambantoni laku | Lasêm Rêmbang samya prapta | kalêmpakan [kalêmpaka...]

--- 7 : 11 ---

[...n] ing Madiun pra dipati | samya arêrêmbagan ||

33. karsanira sagung pra dipati | pinaju ro nagari Mataram | wus rêmbag wus bubar age | wadya wetan gumulung | gêgamane awarni-warni | pinalih kang gêgaman | ingkang mêtu kidul | ri kang tumitihing wadya | ya mangarannya Adipati Pasagi | kang umêtya lor ika ||

34. ri kang tumindhih Dipati Gêndhing | saha gêgaman ngèbêki papan | lir tasik tanpa têpine | ambèr têkèng wanagung | wana pringga dadyaa radin | atêmah ara-ara | kambah ing wadyagung | ênêngakêna wong wetan | dyan kocapa Sri Naranata Matawis | lagya sinibèngsinêbèng. wadya ||

35. pêpak kabèh pra dipati nangkil | Senapati sêmana aseba | kalawan sasêdhèrèke | Saradipa ranipun | Ki Jajagung myang Nayakarti | Adipati Mandraka | kang tansèng ing ngayun | myang Pangeran Singasêkar | lawan malih pangeran ing Mangkubumi | miwah kang para putra ||

36. pangran dipati ika anangkil | Pangran Juminah myang Pringgalaya | Arya Wiramênggalane | Dipati Pugêr iku | wus aseba lan adipati | Têpasana jajarnya | Pangran Purbayèku | apan wus dangu aseba | sampun pêpak sakathahe kang anangkil | sang nata sigra mojar ||

37. hèh sutèng ulun Ki Senapati | ing mangkya apa sakarsa kita | ngong tumurut kita bae | dene wong wetan iku | wus lumaku mêngko kang baris | pinaju ro Mataram | iku aturipun | wong kajinêman maringwang |

--- 7 : 12 ---

pan karsane wong wetan iku pinalih | lakune kang gêgaman ||

38. kang saparo lor kang dèn dalani | Dipati Gêndhing têtindhihira | ana dene saparone | iya kang mêtu kidul | Dipati Pasagi kang ngirid | saha nitihi yuda | anèng Ngutêr iku | gènnya kandhêg bêbarisan | alah iku sutèng ulun Senapati | kadyapa karsa kita ||

39. êndi kang kita papaga dhingin | apurun Senapati aturnya | saha tur sêmbah ature | langkung karsa sang prabu | pan kawula dhatêng umiring | inggih amung satunggal | kang kawula suwun | dhumatêng sri naranata | mung sang prabu sampun kongsi anindaki | ecaa anèng pura ||

40. amunga abdi pun Senapati | amêthuka jurit wong ing wetan | lan kang ulun suwun malèh | para putra sang prabu | jênêngana ulun ajurit | sampun ngawaki yuda | wontêna ing pungkur | Panêmbahan angandika | karsaningwang ngong karsa tindak pribadi | Senapati wotsêkar ||

41. ulun sangêt nuwun duka aji | yèn têksih gêsang pun Senapatya | sampun gumingsir nah anggèr | saking ing kitha agung | abdi tuwan pun Senapati | pan dinamêl punapa | yèn datan ingadu | ajurit kalawan mêngsah | paran wêwalês ulun pun Senapati | tan lyana pêjah gêsang ||

42. ulun jurit pêjaha kariyin | sampun kasêdya mantuka aran | Panêmbahan suka tyase | dhuh jêbèng sutèng ulun | yèn mangkono lah wong Matawis | payo age dandana | barisira [bari...]

--- 7 : 13 ---

[...sira] iku | myang sakèh atmajaningwang | lan samitraningsun kabèh ayya kari | lumakua sadaya ||

43. umiringa maring Senapati | apan sakarsane lampahana | wus malatar gêgamane | anèng ing alun-alun | têkèng pasar ika ngèbêki | lêlurung kaèbêkan | dening baris agung | Panêmbahan sigra mojar | alah uwis sutèng ulun Senapati | payo kita bubara ||

44. ulun srahakên kita ing Widi | ya ta kang putra sadayanya | tumulya tur sêmbah kabèh | Senapati wotsantun | Panêmbahan ngandika aris | lah jêbèng dèn prayitna | Senapati matur | saha bêkti aturira | barkat tuwan kang tansah kapundhi-pundhi | kasuhun ing mastaka ||

45. sigra nêmbang têngara munya tri | kêndhang gong munya gumuruh umyang | Ki Bicak tinêmbang age | angangkang swaranipun | anglir gêlap kasapta mlingi | gêgaman kang pangarsa | bubar anglir mêndhung | muntab lir ardi dahana | kyèh gêgaman kang kulwan kasambungan ing | de wadya ing Mataram ||

46. para kadang lumakyèng ing wuri | sumambung Ki Senapati ika | munggèng ing madya lampahe | binaurêksèng laku | dening sagung para prajurit | miwah ing para putra | gêgamannya agung | apanthan-panthan lampahnya | tiningalan lir tasik datanpa têpi | gêgaman ing Mataram ||

47. samya prayitna ingkang prajurit | saha gêgaman awarna-warna | miwah saha busanane | akulambi bêludru | lèn kulambi sinorasari |

--- 7 : 14 ---

myang rasukan sangkêlat | asri yèn dinulu | datan ta warna ing marga | lampahira wus prapta dhusun ing Taji | nulya abaris sira ||

48. pra bupati asêseban sami | kalawan Ki Senapati ika | myang para putra jajare | Ki Senapati muwus | kadyaparan karsa puniki | dening lampahing mêngsah | ingkang mêtu kidul | sintên prayogi mêthuka | sigra angling Pangeran Amangkubumi | jêbèng lah sakarsanya ||

49. Senapati sigra dènnya angling | yèn suwawi lan para dipatya | Gusti Pangran Purbayane | dados têtindhihipun | akanthia lawan kang rayi | Pangeran Jagaraga | lawan malihipun | Malangsumirang tumuta | ayya kantun inggih Panji Wirabumi | pangeran angandika ||

50. jêbèng apa sakarsanirèki | apan sami umiring kewala | Senapati gya ature | myang malih sampun kantun | pun Angabèi Wirapati | lan pun Kartiwadana | punika yya kantun | lawan têtiyang Kajoran | kang dadosa mawingking ing lampah jurit | yèn sampun ing samêkta ||

51. suwawi anggèr kula aturi | lumampaha amêthuka yuda | nging mêngsah wetan praptane | inggih kang mêdal kidul | ingkang wontên ing Ngutêr mangkin | sigra gêgaman bubar | Pangran Purbayèku | ingkang dados Senapatya | kawarnaa kang kantun baris ing Taji | wau Ki Senapatya ||

52. umatur mring Pangran Mangkubumi | miwah mring para putra

--- 7 : 15 ---

sadaya | lah anggèr suwawi age | inggih sami lumaku | pan gêgaman wus bubar sami | kang lumampah ing ngarsa | mantri kilèn wau | nênggih mantri pamajêgan | Angabèi Jênar wastanipun nênggih | lan Ki Ngabèi Rawa ||

53. lan Ngabèi Awu-awu malih | myang Ki Tumênggung Bocor punika | lan Ki Ngabèi Kalêgèn | Dêmang Kalong tan kantun | sakathahnya kang wontên ngarsi | nulya mantri Mataram | lampahe sumambung | gêgamannya apêpanthan | yèn kawawas lir pendah prawata sari | pra mantri kawarnaa ||

54. Angabèi Wiratanu nênggih | lawan Ki Tumênggung Singajaya | lawan Arya Panulare | kalawan malihipun | Ki Dêmang Tanpanangkil anênggih |Lebih satu suku kata: Ki Dêmang Tanpanangkil nênggih. Ngabèi Patrabôngsa | lawan Ki Tumênggung | Wiranagara lan Arya | Jagabaya puniku mantri Matawis | samya prawirèng yuda ||

55. munggèng madya dènira lumaris | Senapati ingiring ing sanak | Ki Saradipa wastane | kalawan Ki Jajagung | datan kantun Ki Nayakarti | mangkana Jêng Pangeran | Mangkubumi wau | lumakya anèng ing ngarsa | lawan sira pangeran ing Singasari | ingiring dening wadya ||

56. para putra sadaya nèng wingking | ki adipati ing Têpasana | Pangeran Pugêr wingkinge | kalawan arinipun | Arya Wiramanggala nênggih | Pangeran Pringgalaya | tansèng anèng ngayun- | ning raka pangran dipatya | anom ingkang ginadhang gumantya aji | wau Pangran Juminah ||

57. ingkang lumampah anèng ing wingking- | ira pangeran dipatya ika |

--- 7 : 16 ---

awarna-warna pangangge | sadaya wus lumaju | lampahira wus praptèng kali | Sêmanggi tatan-tatan | pra dipati agung | sakathahe para putra | wus arêmbag kanthi Pangran Mangkubumi | mila kêkah kang yuda ||

58. prawiranira Ki Senapati | kadang kinarya pangamukira | wus prapta cêlak barise | mêngsah kang lor winuwus | nata baris kidul winarni | sampun ayun-ayunan | Pangran Purbayèku | akalihan myang aringnya | Dipati Jagaraga wus campuh jurit | lan Dipati Pasagya ||

59. surak-sinurak gumuruh atri | adangu dènnya acampuh yuda | angrok rinok silih ungkèh | wau wadyèng Matarum | pan karoban lawan kang jurit | surak lir krêngèng wiyat | bêdhil tanpa rungu | kalantaka asauran | sigra prasamya prajurit ing Matawis | angawaki ayuda ||

60. agya kapwa nandêr manêmpuh ing | ripu mangamuk pindha andaka | tawan brana pangamuke | sing katêmpuh kèh lampus | lèn sira Panji Wirabumi | pangamuke lir yaksa | sing katêmpuh mawut | sing kaprawasakèh pêjah | Pangran Purobaya kalawan kang rayi | rinêbat de wong wetan ||

61. kinarubut saha pasêr bêdhil | busur lêmbing suligi myang panah | kolêm lir udan tibane | dahat suka tyasipun | nora saya miris ing galih | malah sangsaya ngrêbda | pangamuke liwung | ngowak-awik tanpa lawan | Pangran Purubaya lan kang rayi sami | ngamuk tanpa lawanan ||

--- 7 : 17 ---

62. wong wetan kang kacandhak kèh mati | munggèng rana surak lir ampuhan | sigra kalindhih jurite | wong bang wetan puniku | prajurite kathah ngêmasi | sira Ki Adipatya | Pêsagi lumayu | gêgaman abukakrakan | sakarine kang mati maksih anunggil | golong ki adipatya ||

63. angalor palayune anggêndring | Adipati Pasagi punika | mila angalor karsane | arsa nunggala iku | ya gêgaman ing Jatisari | wau kang kawarnaa | Senapati campuh | aprang lawan wong bang wetan | ramya surak-sinurak gumuruh atri | tan ana kang kasoran ||

64. pan asuwe dènira ajurit | Ki Senapati sigra narajang | angamuk lan sakadange | Saradipa Jajagung | myang Ki Nayakarti tan têbih | rampak pangamukira | wong wetan kèh tatu | sira Numpang wus palastra | pan tinigas janggane myang kang prajurit | wong bang wetan kèh pêjah ||

65. gya lumayu wong wetan kalindhih | juritira mawut mawalikan | lumayu ngungsi pondhoke | baris agung jinujug | Nayakarti iku nututi | kalawan Saradipa | myang Kenthol Jajagung | Ki Senapati nèng wuntat | mung wong magêrsari patang puluh ngiring | maring Ki Senapatya ||

66. Ki Senapati kandhane nênggih | apan kaprênah kaponakan |Kurang satu suku kata: apan ta kaprênah kaponakan. lan Dipati Pasagine | ramanira karuhun | Senapati lan Ki Dipati | Pasagi apan kadang | nak ing sanakipun | punika kang ingulatan |

--- 7 : 18 ---

dening Ki Senapati ingatag galih | ling tyasira mangkana ||

67. katêmua paman lawan mami | ingong ujane padha satunggal | ngadua kêncêng otote | miwah tosing bêbalung | iya môngsa wêdia mami | dene tan kaparêngan | têmu lawan ingsun | apan ingsun iki arsa | icipana têtumbake man Pasagi | têka tan kaparêngan ||

68. ri sampune mangkana anuli | Dipati Pasagi tan antara | kapasang yogya lakune | kapanggih sirèng ênu | duk kapêngkok ing Senapati | dipati lampahira | anulya andulu | agya tanya wadyanira | hèh bocah sapa baya têtêngêr iki | mincêk-mincêk kudanya ||

69. dene ingapit wong magêrsari | baya wong iki prajurit ika | katara ing lêlewane | wadyanira umatur | lah punapa paduka pangling | putra tuwan piyambak | punika pukulun | Dipati Pasagi mojar | liwat pangling ingsun iya sapa iki | matur malih wadyanya ||

70. inggih punika pun Senapati | putra dalêm Kadhiri punika | Ki Pasagi suka tyase | sênggak anampèl pupu | iya kulup bagea ugi | iya katêmu sira | lawan jênêng ingsun | lawase pan amung sira | kang sun pinta gêndhèrèh tolihên mami | mung sira kang sun ajap ||

71. mupung sira katêmu lan mami | alah payo tandhing kaprawiran | ingsun ayun wruh ing mangke | iya rupanirèku | lah balia

--- 7 : 19 ---

tolihên mami | Senapati saksana | sigra nolih gupuh | tiningalan yèn kang paman | anut ing Senapati asru dènnyangling | maring ing wadyanira ||

72. hèh payo bocah padha abali | ika si paman Pasagi uga | ngong ulati sasuwene | ngundhat-undhat maringsun | bage sèwu mêngko sun panggih | paman sira maringwang | sun ajap adangu | suwe têmên sira paman | sun ulati lah mêngko payo atandhing | lan kaprawiraningwang ||

73. sarya amarani Senapati | ingiring wong magêrsarinira | mung kawan dasa kathahe | sigra anulya rawuh | ing ngarsane Ki Adipati | Pasagi sigra mojar | asêngak gumuyu | gêndhêrèhgêndhèrèh. sira wus wirya | nèng Mataram iya sira nanging ugi | tan wruh ing kabêcikan ||

74. prajurit tan wruh wirang sirèki | kurang apa nèng Kadhiri sira | têka tilar pocapane | angawulèng Matarum | arêrampe anak myang rabi | dening sae mêmulat | ing padha tumuwuh | anêmbah bèbèting nistha | tur wong cili apa ta baya sirèki | kurang ing pangawulan ||

75. Senapati sigra dènnya angling | hèh rika paman Pasagi iya | têka rab-uraban bae | dumèh-dumèh yèn mêtu | cacêlathu tanpa kakering | patut wong kaya rika | binacuk ing pêdhung | cangkêmu urab-uraban | apan ingsun anèng nagari Kadhiri | tan duwe cacad ala ||

76. Adipati Pasagi sirangling | lah mulane têka balik sira | lah iya apa cacade |

--- 7 : 20 ---

kurang apa sirèku | sira ana nagri Kadhiri | sira kudu ngawula | maring ing Matarum | kapencut manising ujar | ring wirayatira ingkang dhingin-dhingin | wêkcane ing Mataram ||

77. iku amutêr rat tanah Jawi | sapa ngandêl ujar anglêngkara | iku tan ana dadine | yèn mungguh kaya ingsun | apan ora akarsa mami | ngawula ing Mataram | apan iya iku | tuhu bèbète wong nistha | Senapati lingira sarwi nudingi | paman Pasagi rika ||

78. pangucap rika tan wruh ing ngèlmi | myang nora wêruh ngajal kamulyan | witing manusa jatine | pan sawiji witipun | saking Nabi Adam kariyin | kusuma lan wong papa | pan tunggal witipun | tan kêna gêdhe cilika | pan tunggale wijinira wus pinasthi | dening Hyang Jati Suksma ||

79. kanyataan ing lêluhur ugi | lah uwis aja kakehan ujar | Pasagi lah dèn marene | dèn kaparèng ngarsèngsun | ingsun tabe maring sirèki | ngong tumbak êndhasira | ingsun tan agigu | Dipati Pasagi mojar | hèh Senapati iya wruhanirèki | tan ana anak bapa ||

80. iya rèhning wong arêbut linggih | lah payo Senapati numbaka | maringsun sira dèn ngêntèk | rosamu numbak ingsun | saha wadyanira ngêjèpi | maring ki adipatya | sigra wadya nêmpuh | Senapati kinathahan | kinarubut anulya narajang wani | sira Ki Senapatya ||

81. nêmpuh sawongira magêrsari | sarêng ngêtab anyêmêthi kuda | Senapati pangamuke |

--- 7 : 21 ---

lawan sawadyanipun | sing katrajang lêbur kèh kanin | myang akathah kang pêjah | adipati gupuh | anyamêthi kudanira | anarajang sarwi asêsumbar angling | gêndhèrèh nora wirang ||

82. têka sira angamuk wong cili | payo padha bêcik lawan ingwang | dèn padha atangguh bae | padha angêtog purun | aja ana mundur sanyari | gya nolih Senapatya | pangamuke liwung | Dipati Pasagi sigra | asru numbak mring sira ki adipati | kaping kalih ping tiga ||

83. datan gumingsir Ki Senapati | sigra mojar alah payo paman | Pasagi tèkêna kabèh | sakarosanirèku | sira numbak ing Senapati | sigra Pasagi numbak | kasusu pan luput | saksana Ki Senapatya | waosira apan ta sampun pinêthit | Dyan Pasagi tinumbak ||

84. kêna jajane pasah ngênani | Dipati Pasagi nulya niba | agya malês panumbake | nanging sampun alayu | pamalêse Ki Senapati | ririh panumbakira | duk nglarihi wau | mring Senapati kang kêna | gulu iring sakuku têtês kang kulit | Senapati aniba ||

85. sampun pêjah Dipati Pasagi | Senapati sarêng pêjahira | paman lan kaponakane | rowang mungsuh samya wruh | yèn Dipati Pasagi mati | gya rinêbut ing bala | binandhosa sampun | sigêgên ingkang palastra | kawarnaa sikêp agung ingkang ngirid | Ngabèi Patrabôngsa ||

86. wruh yèn Ki Senapati ajurit |

--- 7 : 22 ---

nulya nandêr sabala narajang | myang Dipati Purbayane | ika kang ambêbujung | maring Adipati Pasagi | ngalor pambujungira | nanging dahat tan wruh | yèn Senapati palastra | mung Dipati Pasagi kang tinut wingking | binujung tan kacandhak ||

87. Pangeran Purobaya anênggih | sarêng lan Ngabèi Patrabôngsa | nanging punika lampahe | dèrèng wontên ingkang wruh | lamun Senapati ngêmasi | layon duk binandhosa | anulya samya wruh | yèn Senapati palastra | ya ta Pangran Purobaya sigra angling | mring sakèhing punggawa ||

88. lah payo padha dèn suk tumuli | sadaya-daya olèha bela | dadi apa iki têmbe | dukane sang sinuhun | dening pêjah ingkang kêkasih | yèn tan olèha bela | kadyapa puniku | sigra kang wadya ingatag | anut mungsuh nulya buru samya ngungkih | mêngsahira kacandhak ||

89. kang mikul bandhosanya Dipati | ing Pasagi apan wus karêbat | bandhosa binuka age | sigra tinigas sampun | murdanya Dipati Pasagi | wau kang kawarnaa | punggawa Matarum | Pangeran Amangkubumya | myang pra putra miwah pangeran dipati | wus akumpul sadaya ||

90. ya ta Ngabèi Patrabangsèki | atur wruh mring Pangran Mangkubumya | yèn pêjah Senapatine | pêrang ing Jatossantun | pêjahipun pun Senapati | mêngsahipun ayuda | nênggih wastanipun | Dipati Pasagi ika | aprang sampyuh sarêng pêjahipun [pê...]

--- 7 : 23 ---

[...jahipun] kalih | mangkana pêjahira ||

91. kagyat Pangeran Amangkubumi | sigra nampèl pupu kalih mojar | hèh wong Mataram sakèhe | dadya apa sirèku | de kêkasih dalêm ngêmasi | pasthi dadi kêthokan | sira nora wurung | ya tana jêjênêng ika | pan satunggil wruh yèn Senapati mati | aran pun Ragapita ||

92. agêpah nulya anandêr mulih | arsa atur uninga narendra | ênêngakêna lakune | Pangran Mangkubumèku | sigra matur mring putra nênggih | iya Kangjêng Pangeran | Dipati Matarum | lah kita anindhihana | nêdha ngamuk rampak aywana gumingsir | olèha malih bela ||

93. iya patine Ki Senapati | sigra pangran dipati gya mojar | yèn makatêna karsane | dawêg angamuk purun | para putra sadaya sami | saha wadya adandan | nêmbang têngara wus | gong bèri atri gumêrah | angrok saha gêgaman sampun miranti | prajurit wus prayitna ||

94. sigra kang para putra wus mijil | samya nindhihi sawadyanira | sampun umangkat sirage | rampak baris lumaku | kajinêman wetan udani | yèn wadya ing Mataram | gêgaman lumaku | arsa angantêp ing yuda | sigra kajinêman gya ngaturi uning | maring dipatinira ||

95. iya kang nama Dipati Gêndhing | inggih baris Mataram punika | anênggih prapta ing mangke | dawêg wontên ing ênu | arsa sami angantêp jurit | agêng wadya Mataram | punika kang rawuh | Dipati Gêndhing saksana |

--- 7 : 24 ---

atêngara dhatêng ing wadyanirèki | akèh mundur ing yuda ||

48. Durma

1. tinêngaran gêgaman wetan wus bubar | ingkang dharat rumiyin | prajurit ing wuntat | sami akêkapalan | lampahe angati-ati | agarawalanagurawalan. | wong Mataram ningali ||

2. yèn wong wetan barisira mundur bubar | sigra para prajurit | anandêr ing kuda | mungsuhe tinututan | sadaya para bupati | myang para putra | mungsuhe dèn tututi ||

3. pan kacandhak gêgamane wong bang wetan | tanpa lur prênahnèki | nulya tatan-tatan | baris madêg sadaya | prajurit wus ngati-ati | bêdhil apasang | kalantaka miranti ||

4. datan kandhêg para putra ing Mataram | mungsuhe dèn suk wani | sakyèhing dipatya | sarêng sira narajang | pinapag dipun bêdhili | suraking bala | lir karêngèng ing langit ||

5. para putra nora sangsaya mirisa | saya bungah ing ati | lir mulat rangkanya | sagung para prawira | pangamuke ngowak-awik | numbak anigas | anuduk angakahi ||

6. para putra tan kewran pangamukira | kinarubut ing bêdhil | sinosog ing tumbak | linêmbing binangkolang | lir udan lêmbing suligi | datan tumama | ngamuk samya nêngahi ||

7. liwung awor prajurite akèh pêjah | punggawa akèh mati | swaranya lir grêrah | pangadhuh wong kabranan | wong wetan sampun kalindhih | gègèr puyêngan | mayit tumpang atindhih ||

8. bupatine wus datan nêdya nolèha | balane tan tinolih |

--- 7 : 25 ---

pan kasangsang-sangsang | anunjang ing galagah | pangarate amisuhi | prajurit jawal | bature tan dèn tolih ||

9. dening wau prajurite wong bang wetan | ingkang sampun ngêmasi | pun Rôngga Jaladra | murdane wus katigas | kalawan pun Wiramantri | mastakanira | binakta mring Matawis ||

10. ambêbandhang sakèhe wadya Mataram | waos kêris myang bêdhil | miwah rajabrana | sampun mundur sadaya | maring pamondhokan malih | atatan-tatan | Pangeran Mangkubumi ||

11. arêmbagan karsanira aputusan | angaturi upêksi | mring bathara nata | yèn Senapati pêjah | sampyuh lawan Ki Pasagi | mungsuh bang wetan | apan sampun kalindhih ||

12. prajurite kalong kêkalih matura | lan Adipati Gêndhing | sampun kapalajar | lawan Rôngga Lêlana | lan jisime Senapati | sira matura | pinêtak anèng ngêndi ||

13. adan mentar dutanira sêsandêran | lumayu mring Matawis | dening kang wus prapta | dhingin Ki Ragapita | sampun marêk ing sang aji | atur uninga | yèn Senapati mati ||

14. amiyarsa Panêmbahan ing Ngalaga | yèn Senapati mati | pan alênggak-lênggak | luh linarangan tiba | gêgêtunira tan sipi | micarèng nala | dhuh jêbèng Senapati ||

15. nora nyana yèn sira nuli palastra | ingsun dhingin kang sisip | purwane palastra | saking bêbadhong ika | ingsun ingkang bonggan ugi | Ki Senapatya | sira

--- 7 : 26 ---

ingsun belani ||

16. angandika Panêmbahan ing Mataram | sikêp dalêm wus baris | gajah pinalanan | kuda wun kinakapan | pan arsa bubar tumuli | wadya Mataram | horêg prasamya baris ||

17. karsanira Panêmbahan ing Mataram | arsa apulih gêtih | ya ta kawarnaa | utusan ingkang prapta | sigra marêk ing narpati | nulya tur sêmbah | matur ing sri bupati ||

18. pan kawula dinuta rayi narendra | Pangeran Mangkubumi | ngaturi uninga | yèn Senapati pêjah | sampyuh lawan Ki Pasagi | myang ari nata | atur têtêkan gusti ||

19. saking tiwas anggènnya amba rumêksa | dasih dalêm ngêmasi | punika katura | janggane mantri wetan | lan êndhase pun Pasagi | ingkang agêsang | sampun têbah kalindhih ||

20. prajurite kang sami pêjah punika | wasta pun Wiramantri | lan Rôngga Jaladra | mastakane katura | lan rayi turipun malih | pun Senapatya | inggih pinêtak pundi ||

21. lawan mêngsah dalêm punika sadaya | punapa sinuk malih | miwah ngêndêlêna | anuhun karsa nata | punika angantos gusti | têlas aturnya | utusan atur bêkti ||

22. angandika Panêmbahan ing Mataram | sira balia aglis | myang Si Ragapita | lan utusan kang prapta | timbalana Mangkubumi | lah wus mundura | sakèhing wong Matawis ||

23. dening arsa banjura maring bang wetan | durung mangsane mangkin | tur môngsa wurunga | anglurug mring bang wetan | yèn wus mangsane [mang...]

--- 7 : 27 ---

[...sane] ing benjing | nak putuningwang | ingkang ngrata rat Jawi ||

24. lan jisime Senapati dèn pêtaka | aran desa ing Wêdhi | utusan tur sêmbah | sigra wau umangkat | sang nata ngandika aris | mring wadyanira | lah mentara siraglis ||

25. lah sungana wruh rabine Senapatya | yèn lakine ngêmasi | padha amapaga | ing desa Wêdhi ika | kang ingutus awotsari | anulya mangkat | tan adangu wus prapti ||

26. saandikaning nata wus dhawuh ika | mring Nyai Senapati | kagyat sira jola | nulya anjrit karuna | ana putrane pawèstri | wulanjarira | dhingin Ki Mas Balimbing ||

27. pan rinangkul ing ibu sarwi karuna | tan dêrman sira nini | katuwone gêsang | dhingin sira akrama | nulya tinilar ngêmasi | mêngko ta sira | lah sapa angingoni ||

28. mêngko ramanira nini wus palastra | sang dyah anulya anjrit | aniba ing lêmah | nangis alara-lara | sêsambate amlas-asih | dhuh ramaningwang | paran polah ngong kari ||

29. ibunira angling lah nini dandana | payo mapag ing jisim | sigra sami dandan | dalêm kasenapatyan | lir gêrah swaraning tangis | kang kulawarga | samya lara anangis ||

30. sakathahe pra sanake Senapatya | wong patang puluh mati | sakyèh rabineka | samya nangis sadaya | saksana samya lumaris | Ni Senapatya | anjujug desa Wêdhi ||

31. ênêngêna kang nangis samya alara | ya ta warnanên malih | utusan [u...]

--- 7 : 28 ---

[...tusan] sang nata | wus praptèng pasanggrahan | Pangeran Amangkubumi | samya pêpakan | para putra Matawis ||

32. wus tinimbalakên saandika nata | Pangeran Mangkubumi | ngandika mantuka | lawan ingkang pra putra | sawadyabala Matawis | samya mantuka | mring nagari Matawis ||

33. sawanira Senapati dèn pêtaka | iya ring desa Wêdhi | kita urunana | ingkang angirid lampah | lan arine Nayakarti | samya milua | umiringa ing jisim ||

34. ri sampuning tamat wêling Panêmbahan | Pangeran Mangkubumi | sigra atêngara | wadya sampun samêkta | laywanira Senapati | gêgaman bubar | mantuk dhatêng Matawis ||

35. tan kawarna ing marga ingkang bandhosa | prapta desa ing Wêdhi | Nyai Senapatya | sampun mapag bandhosa | alara-lara anangis | nguswa bandhosa | dhuh kakang Senapati ||

36. nora bisa yèn ulun iki karia | suka banjutên mami | sang rara aniba | ibu pundi si rama | kang ibu lara anangis | angrangkul putra | dhuh Kyai Senapati ||

37. duk ing nguni ubaya ywa ganti pêjah | ing mangkya tan sayêkti | rumiyin atilar | kiyai mring kawula | lah gawanên ulun iki | kyai kawula | pan botên sagêd kèri ||

38. ing dêlahan manira dipun cangkinga | ulun tan sagêd kari | dunya ing ngakerat | kyai dipun cangkinga | Nayakarti aningali | ing ipenira | lara-lara anangis ||

39. datan kêna ingampêta waspanira |

--- 7 : 29 ---

wasana milu nangis | kathah kawarnaa | jisime Senapatya | wus pinêtak desa Wêdhi | dyan kawarnaa | wau ingkang lumaris ||

40. sampun prapta jroning kitha ing Mataram | kang para putra sami | ngujungi kang rama | miwah para dipatya | sadaya samya wotsari | dhatêng sang nata | wau ingkang winarni ||

41. Pangeran Mangkubumi matur sang nata | ngaturkên pati urip | mangkana turira | dhatêng sri naranata | kawula tur pati urip | tiwas kawula | angrêksa Senapati ||

42. sri narendra arum wijiling wacana | lah adhi Mangkubumi | apa winicara | pan wus karsaning Suksma | sun tutuh sarira mami | ingkang akarya | patine Senapati ||

43. Panêmbahan amundhut arta busana | panganggya ingkang adi | pan sampun ginanjar | anyèwu para putra | ngawan atus para mantri | samya kawratan | sakèhing wadya alit ||

44. Saradipa Ki Jajagung Kartimasa | ginanjar wastra adi | kalawan kancana | salaka lawan arta | sarya sinungan pawèstri | Ki Saradipa | jinunjung linggih malih ||

45. winastanan Ki Dipati Martalaya | Ki Jajagung ingalih | Arya Jasupônta | sarya jênêng dipatya | Kartimasa wus ingalih | Ki Saradipa | wastanira ing mangkin ||

46. Ki Mas Sori ginanjar nagari Dêmak | wus jumênêng dipati | sakyèh wong Mataram | samya ginanjar desa | sapêpantêse waradin | magang kapêdhak | mantri sinung nagari ||

47. Adipati Môndaraka matur nêmbah |

--- 7 : 30 ---

mring sang sri narapati | punapa ing karsa | nagara ing bang wetan | punika yèn asuwawi | lah linurugan | sampun mangsane mangkin ||

48. yèn kawula lah anêdha linurugan | kawula anglampahi | lan wadya Mataram | apan sampun alama | angandika sri bupati | pan dèrèng môngsa | mapan ing taun iki ||

49. yèn ujare wirayat dede manira | kang ngrata tanah Jawi | anak putuningwang | kacêtha ngrata Jawa | wong wetan seba Matawis | pan pakênira | paman baya mênangi ||

50. lan malihe paman wawêkas manira | mring pakênira mangkin | yèn manira pêjah | sakèhing putraningwang | kang prayoga anggêntèni | ing jênêng ingwang | amêngku ing Matawis ||

51. amung putu pakênira bae Jolang | iku manira pasthi | kang anggêntènana | paman jênêng manira | miwah yayi Mangkubumi | angèstokêna | ing sawêwêkas mami ||

52. lawan adhi Singasari wêkas ingwang | aja cawêngah sami | miwah anak ingwang | ingkang anama tuwa | apadene sanak mami | ajana mumpang | ing sawêwêkas mami ||

53. iku sapa kang ora angèstokêna | aja anêmu bêcik | lan aja raharja | olèha dhêndhaning Hyang | sun tatêdha ing Hyang Widhi | kang wiwit ala | anêmahana dhingin ||

54. dupi Panêmbahan wêwalêr mangkana | sakathah para siwi | miwah pra santana | ingkang anom atuwa | sadaya pan sami ajrih | yèn anêraka | wêwalêr sri bupati ||

--- 7 : 31 ---

55. dadya sami angèstokakên sadaya | ing pangandika aji | sakèh para putra | miwah para santana | ngèstokkên dhatêng ing galih | wêlinging rama | karya jimat paripih ||

56. sampun têlas wawêkasira sang nata | dhatêng ing para siwi | myang para santana | saksana sri narendra | bubar malêbèng jro puri | asalin têmbang | dhandhanggula gumanti ||

49. Dhandhanggula

1. aluwaran sang nata tinangkil | pirang taun laminya sang nata | andhawuhakên wêlinge | dhatêng kang paman wau | pan atuduh kang madêg aji | kang gumantya yyan lina | panjang yèn winuwus | sri bupati ing Mataram | pangungune Senapati kala mati | aprang Pajatisêkar ||

44. Adipati Pathi mêngsahan kalihan Panêmbahan ing Mataram

2. kawarnaa dènnya madêg aji | Senapati nèng nagri Mataram | pirang warsa ing lamine | ana lèn kang winuwus | nênggih adipati ing Pathi | dawêgnya siniwaka | dening mantrinipun | miwah wadyabalanira | adipati ing Pathi asalah kapti | arsa mungsuh Mataram ||

3. ika kang dados purwaning uni | mila dhatêng ing pambalikira | Dipati Pathi wiyose | kala duk Pamadiun | Panêmbahan Mataram nuli | lajêng ing Pasuruan | kalane amungsuh | Ki Kanitèn pinêjahan | mring gustine ngaturakên Senapati | dening kasor prangira ||

4. Adipati Pathi tan mênangi |

--- 7 : 32 ---

apan mulih mring nagaranira | purwane kangên rabine | sangêt ing wirangipun | pan angrasa kantun ing kardi | mila kala samana | balik karsanipun | nanging sampun aputusan | mring Mataram sira Adipati Pathi | anyandi lampahira ||

5. mila utusan dhatêng Matawis | pan punika nêdha padêdesan | desa lor gunung Kêndhênge | ika ingkang jinaluk | karsanira sang adipati | aja akarya runtag | mring sakèh wong dhusun | nungkula kalawan suka | kang lumampah wau dhatêng ing Matawis | aran Ki Patradita ||

6. tan kawarna lampahirèng margi | Patradita wus praptèng Mataram | cundhuk mring sang nata age | mangkana aturipun | pan kawula ingutus gusti | dhatêng rayi paduka | ngutus nuhun dhusun | dhusun lèr Kêndhêng punika | pan kinarya rêrêmbat lumampah kardi | sowan dhatêng Mataram ||

7. sigra mojar sang prabu Matawis | alah iya sun wèhakên ika | iya desaningsun mangke | lor gunung Kêndhêng iku | lah ta uwis muliha aglis | matura ariningwang | lamun ingong asung | sigra pamit Patradita | kawarnaa Dipati Mandraka angling | matur mring Panêmbahan ||

8. kadipundi ing karsa puniki | dening desa lor Kêndhêng punika | sinungkên ing Pathi mangke | punapa wadosipun | ing pangraos ing ulun iki | ewuh-aya ing lampah | pilih dadya laku | Panêmbahan sigra mojar | kadyaparan karsa kita paman iki | munduran kadya

--- 7 : 33 ---

bocah ||

9. sapa yogyane dèn jêjaluki | suka kita ari ing Santênan | lan ulun iki yogyane | yogyanirèng jêjaluk | lènnya malih milanya mangkin | arinya jaluk desa | loring gunung iku | ya gunung Kêndhêng arannya | pan kinarya pêpikul lumakyèng kardi | ywan sewakèng Mataram ||

10. sigêgên Panêmbahan Matawis | kawarnaa Dipati Santênan | sampun prapta utusane | Ki Patradita wau | sampun katur saaturnèki | mring Dipati Santênan | sigra ngatag sampun | aputusan nêlukêna | ambêbahak nagari ing têpis iring | lor gunung Kêndhêng ika ||

11. angandika dipati ing Pathi | maring sira duta Patradita | lah kita balia manèh | mring Mataram sirèku | aturêna ing bêkti mami | lah kita anêdhaa | tumbak mring sang prabu | sarta landheyane pisan | lah awada wong wetan gêcak ing Pathi | Patradita gya mêsat ||

12. pêpatihira Dipati Pathi | ya ta matur marang ki dipatya | Ki Mangunjaya wastane | amba matur pukulun | punapaa tuwan ing mangkin | nutakên mring Mataram | marêk ing sang prabu | anêdha waos punika | lawan akèn binahak ingkang nagari | salèring ardi ika ||

13. angandika dipati ing Pathi | wruhanira bapa Mangunjaya | ingsun ambalik ing mangke | amungsuh kakang prabu | Mangunjaya sigra wotsari | yèn kênaa punika | sampun tuwan mungsuh | lawan raka [ra...]

--- 7 : 34 ---

[...ka] jêng paduka | botên wontên awone mring tuwan ugi | tuwan arsa balela ||

14. angandika dipati ing Pathi | lah mênênga bapa Mangunjaya | môngsa ngong kandhêga mangke | gon ingsun arsa mungsuh | marang kakang prabu Matawis | wus karsaning Hyang Suksma | datan kêna mundur | mapan ingsun wus uninga | yèn amungsuh kakang prabu ing Matawis | pasthi ingsun yèn kalah ||

15. pan wus karsaning Hyang Maha Luwih | wus pinasthi wadya ing Mataram | amungsuh ing Pathi mangke | pan wis parentah ingsun | lampaha sakèh nagari |Kurang satu suku kata: lampahira sakèh nagari. sigra punggawa bubar | samya ngirup-irup | nagara salèring arga | kang ingirup Warung Balora lan malih | Garobogan myang Jipang ||

16. amung ing Dêmak kang maksih wani | amogok ing utusan Santênan | ingkang aran Mas Sorine | kang anèng Dêmak wau | kang tan nungkul maring ing Pathi | dadya Mas Sori kikaika. | anulya lumayu | utusan dhatêng Mataram | karsanira sêmana atur upaksi | dhatêng ing Senapatya ||

17. kawarnaa nagari Matawis | Panêmbahan pan lagya sineba | pêpêg sawadyabalane | warnanên ingkang rawuh | Patradita kang saking Pathi | matur ing Panêmbahan | kawula ingutus | dhumatêng rayi paduka | nuhun tumbak sajêjêranipun gusti | kinarya mêthuk ing prang ||

18. dene ingkang pinêthuk puniki | barise wetan ingkang gumrêrah | arsa gêcak Pathi mangke | angandika sang prabu | mring wong gêdhong mundhuta aglis | tumbak satus [sa...]

--- 7 : 35 ---

[...tus] dèn enggal | tan asuwe katur | waos satus mring sang nata | apan datan amawi landheyan sami | sang nata angandika ||

19. alah ênya Patradita iki | tumbak sapala lan aturêna | maring ariningsun mangke | Patradita umatur | kados pundi karsa sang aji | dening waos kewala | tanna jêjêripun | sang nata aris ngandika | Patradita iku têka turna dhingin | mring si adhi Santênan ||

20. sira matura maring si adhi | lamun ingsun durung duwe watang | mung waos ingsun kang duwe | Patradita wotsantun | sampun amit mantuk mring Pathi | Dipati Môndaraka | sêmana umatur | Pangran Mangkubumi ika | samya matur dhumatêng Prabu Matawis | punapa karananya ||

21. dening rayi paduka ing Pathi | nuhun waos dening kapatêdhan | waos tan mawi watange | punapa wadinipun | angandika sri narapati | de têka kadi bocah | paman dika iku | hèh paman wruhana dika | si adhi Pathi ayun mungsuh ing kami | lah paman dèn prayitna ||

22. ing mangke paman parentah mami | sakathahe têtiyang Mataram | padha siyagaa kabèh | asaosa prang pupuh | nora wande mungsuh ing Pathi | dèrèng dhatêng andika | sigra praptanipun | Ki Mas Sori dutanira | saking Dêmak nênggih ngaturi upaksi | yèn wong Pathi balela ||

23. malah sampun marêpêk kang baris | datan kandhêg ambahak jajahan | lor gunung kairup kabèh | Garobogan myang Warung | ing Balora [Ba...]

--- 7 : 36 ---

[...lora] Jipang wus kêni | anging wadya ing Dêmak | ingkang dèrèng têluk | pan maksih awawan-wawan | lah ing mangke paran ing karsa sang aji | sang nata angandika ||

24. iya sira muliha ing mangkin | maring Dêmak waraha riningwang | têka amuwêra bae | duta nulya wotsantun | amit mantuk dyan kang ing wuri | Panêmbahan Mataram | dèrèng angadhatun | pan maksih apêparentah | wong Mataram kinèn dandan mêpak baris | padha ngati-atia ||

25. sakathahe prawira Matawis | sami nata kapraboning yuda | wus samya prayitna kabèh | ênêngêna karuhun | kawarnaa Dipati Pathi | dawêgira sineba | ing wadyaniragung | prajurit pêpêg sadaya | pêpatihe Ki Mangunjaya nèng ngarsi | lan Arya Sindurêja ||

26. Rajamênggala lan Sawunggaling | tansèng ngarsa Tohpati ajajar | Ki Binorong pan jajare | Tohpati anèng ngayun | lawan sirarya Surèngpati | lawan ki pêcatôndha | Kandhuruhan ngayun | kang nama Ki Wilatikta | kasêntana dening Adipati Pathi | pêpêk andêling yuda ||

27. angandika Adipati Pathi | hèh sakèhe mantri-mantriningwang | sarta sarwi trah ngong kabèh | ulun mangkya jêjaluk | rowangana ulun ajurit | amungsuh ing Mataram | lêbu gêni ulun | ngong jaluk pati gêsangnya | atur sêmbah kèhning kang para prajurit | nuhun ulun sandika ||

28. pan wus pasthi karsaning Hyang Widi | lamun ulun amungsuh Mataram | kabèh ngong jaluk [jalu...]

--- 7 : 37 ---

[...k] sukane | kapya atêra ulun | mring Mataram amangun jurit | anging uwus karasa | kalah yudèng ulun | pasthi ulun têmah pêjah | kayaparan goning umundur ing jangji | pan uwus karsaningwang ||

29. mantrinira kabèh padha nangis | padha matur marang sang dipatya | panêdha kawula anggèr | sampun anuli lampus | lêng kawula pêjaha dhingin | aprang lan wong Mataram | yèn kawula sampun | palastra sakarsa tuwan | anèng wuri sampeyan karia mukti | punika sêtya amba ||

30. Sawunggaling ature asrênggi | adhuh gustiku sang adipatya | yèn tuwan manjing agnine | aprang lan wong Matarum | pan kawula pêjaha dhingin | ywan dipatya palastra | amba sêdhêng atur | rumuhun amba sah lungkrah | apan ulun tan arsa ngawula malih | liyana saking pada ||

31. mantrinira kabèh atur paksi | aturipun sadaya mangkana | ngaturakên prasêtyane | Dipati Pathi muwus | sun tarima sêtyanirèki | muga ta winalêsa | ri saksana mundhut | wastra kalawan barana | anggêganjar wadyanira pan waradin | tan ana kaliwatan ||

32. nulya kinèn têngaraa aglis | bêndhenira tinêmbang angangkang | wus pêpêk kabèh barise | bêdhil mariyêm tulup | kalantaka busur myang lêmbing | tunggul lêlayu amyang | myang kang umbul-umbul | asrang lan kriciking watang | lir sagara gêgamane wadya Pathi | pindha ardi dahana ||

33. nulya bubar sakathahing baris | Adipati Pathi anèng wuntat | ginarêbêg [ginarêbê...]

--- 7 : 38 ---

[...g] ing wadyane | wahana kudanipun | ingkang aran pun Yudasari | ulês jêne araras | pinanganggyan murub | wadya prasamya prayitna | solahira wong Pathi lir banthèng kanin | lir macan sutèng môngsa ||

34. tan kawarna lampahe wong Pathi | kawarnaa raja ing Mataram | siniwi wadyane kabèh | kajinêman wus rawuh | ngarsanira sri narapati | angaturi uninga | kajinêman matur | rayi paduka Santênan | wus lumampah ing mangkya lagya nèng margi | angrabasèng Mataram ||

35. sri narendra sigra dènnya angling | maring sakathahe kang sewaka | lah agya dandana kabèh | ngiringa sutèng ulun | Adipati Anom Matawis | iku ngong duta mapag | prang wadyèng Pathiku | sakèh sutèngsun sadaya | angiringa sadandanan ing ajurit | kabèh dèn aprayitna ||

36. Adipati Mandraka turnyaris | kadya punapa ing karsa tuwan | anglampahakên sutane | yèn pangraosing ulun | ari prabu Dipati Pathi | lamun dedea tuwan | tan wontên kang mungsuh | Panêmbahan angandika | suta kita ing Pathi ulun prih eling | malah iku wiranga ||

37. lah wêkas ingsun ta ki dipati | pamanira kita elingêna | Mataram iki duwene | dening arsa amungsuh | maring ingsun tan ngong ladèni | yèn pamanira mêksa | nora kêna mundur | têka sira ladènana | sabudine nging sira dèn ngati-ati | pamanira digdaya ||

38. lah uwis kita bubara kaki | iki waos lah kita anggoa | kang putra [pu...]

--- 7 : 39 ---

[...tra] atur sêmbahe | lumèngsèr saking ngayun | nulya bubar sakèhing baris | lampahipun atata | pan dêdamêl agung | tinon saking ing mandrawa | kadi gunung kawêlagar ingkang baris | tan kawarna ing marga ||

39. dyan warnanên Ki Dipati Pathi | sampun praptèng Taji bêbarisan | Pêmalon ika pondhoke | wong Mataram wus rawuh | Parambanan dènnya abaris | ya ta atatan-tatan | kasaput ing dalu | tan kawarna solahira | enjingane sira Adipati Pathi | arsa angantêp yuda ||

40. dening wau dêdamêl Matawis | sigra mangkat prayitna ing yuda | amapag ika karsane | amagut juritipun | ya ta kandhêg kang ponang baris | pangeran adipatya | angandika asru | sakèh gêgaman Mataram | andhêgêna ingsun arsa amanggihi | ingsun dhawak mring paman ||

41. samya kandhêg sakathahing baris | sigra Dipati Anom Mataram | amarani pamanane | aris ing lampahipun | apan namung wong magêrsari | lawan wong upacara | lumampah ing ngayun | lawan kang para santana | jêng pangeran sinongsongan kêrtas kuning | warna apindha Parta ||

42. adipati ing Pathi ningali | nulya tanya pêncil ika sapa | ingkang lumakya marene | lan upacaranipun | kering dening wong magêrsari | asongsong kartas jênar | warnane abagus | anulya pinarêpêkan | adipati ing Pathi pan datan pangling | kalamun sutanira ||

43. Ki Dipati Pathi langkung runtik |

--- 7 : 40 ---

pan asangêt manahira merang | dene dèn mungsuhi rare | amapag juritipun | pangraose dèn bêbocahi | asru dènnya ngandika | mring sutanirèku | alah êndi yayahira | lawan sira marene apa karyèki | ring kang suta gya mojar ||

44. raka tuwan pan maksih nèng wuri | pan kawula kinèn amêthuka | dhatêng paman ing praptane | kawula kinèn matur | prapta tuwan karsa punapi | lumampah mring Mataram | saha baris agung | kang wêwêling raka tuwan | sawarnine nagri Mataram puniki | ingkang kagungan paman ||

45. ki dipati mengo sarya angling | lah mênênga kaki sutaningwang | ingsun wêruh lêlêgêde | wus basane karuhun | mung sanggupe ngenak-enaki | ingsun dèn prih mundura | ngong tan nêdya mundur | lah uwis kita balia | yayahira balikan kon praptèng rikingriki. | lwih bêcik padha tuwa ||

46. pangran dipati sigra dènnyangling | dahat ulun tan purun wangsula | raka tuwan wawêlinge | yyan paman datan emut | apan ulun kinèn ngladosi | umênêng tanpa ngucap | paman dahat rêngu | dèn luwih ambêg sawawa | yayah kita dènira amêjanani | kita kinèn mapaga ||

47. apan kita datan ngong tanglêti | mung yayahira ngong ônta-ônta | ngong ayoni sêsuduke | alah iku karêpku | angadua wulêding kulit | ngadu pucuking tumbak | kuwating bêbalung | lah uwis sira muliha | yayahira dèn agya [a...]

--- 7 : 41 ---

[...gya] konên mariki | pantês lawan ngong yuda ||

48. jêng pangeran dipati nudingi | Si Santênan kakèhan wicara | sigra nyandhak talêmpake | sigra dhinêpak sampun | ingkang paman dipun larihi | kagyat sira anjola | angandika asru | iki si arane bocah | dene lumuh kita kinarya abêcik | uwis sira muliha ||

49. sutanira anumbak anitir | panumbake karaos alara | kang paman sangêt bêndune | anyandhak waosipun | dipun balik buntar kinardi | ingkang putra binuntar | angrungkêp tan emut | nulya rinêbat ing bala | rinarômpa binêkta mundur aririh | mantuk mring pasanggrahan ||

50. pan atusan sakathahing mantri | sêsandêran ngaturi uninga | lamun kasambut putrane | Dipati Pathi kondur | angandika ing wadya mantri | padha abêbitinga | mêngko karêp ingsun | yèn wong Mataram angrangsang | lamun dudu kakang êmas anêkani | ajana sira mêdal ||

51. pan kawula kang kinarya biting | ênêngêna ingkang bêbarisan | warnanên ingkang kinèngkèn | tan asuwe wus rawuh | dumarojog lumêbèng puri | sri narendra kapêndhak | kalaning alungguh | kalayan kang para garwa | sigra matur utusan saha wotsari | kawula tur uninga ||

52. putra paduka gusti kapilis | wontên rana aprang lan kang paman | anêmêni panumbake | Panêmbahan anjumbul | ingkang garwa dipun tingali | pan sarwi angandika | kadyapa arimu | sun nyana saya elinga |

--- 7 : 42 ---

anakira iku ngong kon amanggihi | nora saya mundura ||

53. mundur bocah têka dèn têmêni | iku nyai paran karsanira | arinira bêrung bae | kang garwa nêmbah matur | lah punapa karsa sang aji | kawula tan angrasa | yèn darbe sadulur | sanadyan awak kawula | lamun ala suka sêbit rontang-ranting | pun yayi yêktos ala ||

54. Panêmbahan angandika aris | apa têmên yayi sira lila | adhinira ing patine | kang rayi nêmbah matur | pan kawula tan andarbèni | tingal lyan saking tuwan | tan darbe sadulur | anging sampeyan katingal | donya kerat tulusa dadosa gusti | ingkang garwa ingaras ||

55. lah ta karia ngong amit mijil | ingsun tilikane putranira | aprang ingsun tuwanane | asiyaga pan sampun | sri narendra anulya mijil | Kyai Bicak tinêmbang | swarane angungkung | gègèr wadya ing Mataram | pan sadaya prasamya amêpak baris | siyaga nêmbang durma ||

50. Durma

1. sampun pêpak gêgamanira sadaya | miwah kang para mantri | myang kang tuwa-tuwa | sampun prapta sadaya | Kya Môndaraka wus prapti | pan ora tega | maring putranirèki ||

2. sampun mangkat Panêmbahan ing Mataram | anitih kuda putih | aran pun Brayuda | lampahnya sêsandêran | sakèhing para prajurit | kang nunggang kuda | ika kang nora kari ||

3. tan asuwe wus praptèng ing pasanggrahan | nanging kasaput wêngi | arêrêp sakêdhap |

--- 7 : 43 ---

sarêng byar ing raina | anulya amangkat jurit | Bicak tinêmbang | lir karêngèng ing langit ||

4. gêgaman bubar balakuswa Mataram | lir robing kang jaladri | wong Pathi miyarsa | wong Mataram anglanggar | gègèr puyêngan jro biting | tan kêna tata | maksih pêtêng kang wêngi ||

5. Panêmbahan ingkang lumampah ing ngarsa | Môndaraka tan têbih | angulati marga | arsa anglêbonana | maring bitinging wong Pathi | tan angsal marga | Mandraka ngunus kêris ||

6. dhuwungira kang aran Ki Culik ika | binabatakên jati | galugu tri tatas | watara sêdhêng jaran | Kya Môndaraka sru angling | Ki Senapatya | iki dêdalan bêcik ||

7. wus malêbu Senapati ing Ngalaga | mring bitinge wong Pathi | angamuk sang nata | wong Pathi apuyêngan | datan kêna amalêsi | prajuritira | katunjang de wong cilik ||

8. Adipati Pathi wus tilar gêgaman | lumayu ngrunjang biting | lan saprajuritnya | ngraos tan antuk papan | milane datanpa nolih | palajêngira | nêdya mantuk mring Pathi ||

9. kang prajurit Mataram prapta sadaya | wus malêbu ing biting | pan angamuk rampak | wong Pathi kathah pêjah | prasamya angrunjang biting | palayunira | samya gêbyur ing kali ||

10. kali Dêngkèng anuju banjir sêmana | ladhu agêng gilani | wong cilik kèh pêjah | amung prajuritira | rahayu maksih aurip | milu lumajar | dhatêng Dipati Pathi ||

11. wus kapirsa yèn adipatya [adipa...]

--- 7 : 44 ---

[...tya] lumaywa | ingiring kang prajurit | anging wadyabala | sami kantun sadaya | mangkana Prabu Matawis | datan akarsa | mantuka mring Matawis ||

12. apan karsanira lajêng mring Santênan | angêsuk adipati | pan sampun samêkta | bala wus ing luwaran | saksana bubar tumuli | ing lampahira | tan kawarna ing margi ||

13. kawarnaa adipati ing Santênan | sapraptaning ing Pathi | wus amêpêk bala | sakantune kang pêjah | kang kawon saking Matawis | miwah wadyanya | kang kantun têngga puri ||

14. wus kumêrab wadyabala ing Santênan | agêng alit kinêrig | wus ngadêg barisnya | lawan sang adipatya | sampun aputusan malih | ing Lasêm Tuban | ika sampun kinait ||

15. dipun sandi yèn wong Mataram akarsa | anggêcaka ing Tubin | Lasêm lan Santênan | katiga dipun gambang | wadya ing Lasêm myang Tubin | Warung Balora | wun kêna dipun sandi ||

16. glising carita apan wong Lasêm bubar | gêgaman dhatêng Pathi | Tuban lan Balora | Warung lan Garobogan | Jipang samya dhatêng Pathi | saprajuritnya | gêgaman wus abaris ||

17. wus kumêrab abaris jabaning kutha | wong Pathi sampun mijil | apan wus anunggal | baris jawining kutha | kawarnaa wong Matawis | wontên ing marga | dipatinya ngawaki ||

18. dadya mangke wus ayun-ayunan yuda | anging kasaput wêngi | samya mondhok sira | ya ta pangulah wetan | ing Tuban Lasêm anêlik | pondhok Mataram |

--- 7 : 45 ---

wartane dèn malingi ||

19. dadya mangke wong Mataram samya ngucap | hèh wong batur ing mangkin | anênggih wong Tuban | lawan wong Lasêm ika | wartane milu ing Pathi | gusti Mataram | nora sêdya ing mangkin ||

20. ingkang pangandika ya rajèng Mataram | ingsun tan sêdya iki | amungsuh ing Tuban | kalawan Lasêm ika | ana dene yèn kapanggih | ing ajang ika | tan wande ingsun bukti ||

21. dadya pangulah Lasêm Tuban samana | angrêngwa tutur iki | anulya malayya | matur ing gustinira | anjola Dipati Tubin | mangkya uninga | kalamun dipun sandi ||

22. arsa mundura mangke wus kasompokan | dadya anglampus iki | kawuwusa enjang | Panêmbahan Ngalaga | angandika sira aglis | hèh Prangmadana | anabranga kariyin ||

23. angirida kandhaga lante sadaya | anabranga kariyin | ing dhuwur dèn têbah | ing Gagodhong Kayumas | yèn wus prapta sabrang aglis | sira barisa | marêp mangalor mangkin ||

24. yèn ingsun têngara anulya mangsaha | poma sira dèn bêcik | wadya Prangmadanan | ngirid lante sadaya | anabrang mangetan prapti | nulya atata | majêng mangalor sami ||

25. Panêmbahan Ngalaga sigra anabrang | mangetan nulya prapti | wontên ing Barakas | wau Aprangmêdana | sigra ambêndhe siraglis | lante sadaya | saking kidul dhatêngi ||

26. dadya wong Lasêm Tuban punika wikan | yèn ana mungsuh prapti |

--- 7 : 46 ---

saking kidul ika | Dipati Tuban sira | mojar hèh wong Tuban sami | agya mundura | mungsuh narajang Tubin ||

27. dyan wong Tuban mundure lolos mangetan | wong Lasêm atut wuri | amung wong Santênan | kantun angantêp yuda | ing Karakas dènnya jurit | anging tan kêlar | wong Pathi mung sathithik ||

28. nulya kaburu wong Pathi katututan | ing kali Sampang nguni | wong Pathi sêmana | kathah pêjah ing toya | dadya Ki Dipati Pathi | ical ing rana | tan kantênan yèn mati ||

29. pêjah gêsanga apan datan kantênan | Panêmbahan Matawis | wus kondur sêksana | mantuk dhatêng Mataram | mangkana sangkalanèki | wadana tunggal | tinata ratu malih ||Sengkalan: wadana tunggal tinata ratu (1519 A.J.).

30. sampun bubar Panêmbahan ing Mataram | miwah sagunging baris | lampahe atata | sakèhe wadyabala | ênting sukaning prajurit | datan kawarna | ing marga sampun prapti ||

31. wus malêbu ing kitha bacingah ika | ngalun-alun wus prapti | samya abêbêksan | ngrangin gamêlan munya | wadana mantri ngêlèbi | tata alênggah | anèng bangsal pangrawit ||

32. anggêganjar sang nata mring wadyanira | wênèh jinunjung linggih | kang tiwas ing karya | prasamya pinêjahan | kang bêcik sinung nagari | sampun warata | sakèhing para mantri ||

33. sampun bubar sang nata malêbèng pura | tan kawarna ing lami- | nya madêg narendra | kalangkung karta arja | iya nagarèng Matawis | ngalama-lama | warnanên sri bupati ||

--- 7 : 47 ---

45. Panêmbahan Senapati ing Mataram seda, dipun gêntosi Dipati Anom Mataram

34. pan agêrah anèng ing bale kajênar | ingadhêp para rabi | myang kang para putra | lirna para santana | Ki Môndaraka sumandhing | sri naranata | aris dènnya mamêling ||

35. hèh paman Môndaraka wawêkas ingwang | miwah Ki Mangkubumi | para putraningwang | padha sira elinga | maring sawêwêkas mami | yèn ingsun seda | kang yogya anggêntèni ||

36. maring ingsun Ki Dipati Nom Mataram | jumênênga narpati | ana ing Mataram | sakèhe putraningwang | padha angidhêpa sami | tuwa nom iya | padha ngidhêpa benjing ||

37. dèn atut adulur ayyana sawala | mring kang umadêg aji | pan wus karsaning Hyang | kang anom dadi nata | parentahe Hyang tan gingsir | kang para putra | anêmbah samya nangis ||

38. Panêmbahan ngandika mring Môndaraka | lawan Ki Mangkubumi | paman pakênira | kang jênêngana nata | kalawan Ki Mangkubumi | ing putranira | madêga nèng Matawis ||

39. alah uwis paman apamit manira | dèn abêcik ing wuri | sigra sri narendra | sakêdhap sampun ical | gumuruh kang ponang tangis | para grahanya | sumungkêm anèng siti ||

40. para putra samya nangisi sadaya | sarya samya nungkêmi | saha samya ngaras | kalamnya rama nata | Môndaraka anapihi | mring kang karuna | padha mênênga dhingin ||

41. wus kinapan ingkang layon [layo...]

--- 7 : 48 ---

[...n] Panêmbahan | sinalatakên nuli | anulya binêkta | layon dhatêng astana | mangkana dèn sangkalani | seda sang nata | kaya ron tata nabi ||Sengkalan: kaya ron tata nabi (1523 A.J.).

42. sakathahe mantri Mataram aseba | samya yun-yunên linggih | Dipati Mandraka | lan Pangran Mangkubumya | umijil saking jro puri | pangran dipatya | ingkang tansah kinanthi ||

43. sapraptane Mandraka ing pagêlaran | Pangeran Mangkubumi | alinggih witana | pêpak kang para putra | bupati lan para mantri | para punggawa | pêpak samya anangkil ||

44. sigra ngadêg Pangeran Amangkubumya | asru dènira angling | hèh wong ing Mataram | padha sira ngidhêpa | yèn pangeran adipati | madêg narendra | anèng nagri Matawis ||

45. hèh sakèhe putra kalawan santana | sing sapa datan yêkti | payo angamuka | ingsun mungsuhe yuda | wong Mataram samya ajrih | datan sawala | sadaya angèstrèni ||

46. para putra miwah kang para santana | sadaya angèstrèni | pangeran dipatya | sampun jumênêng nata | anèng nagari Matawis | sri naranata | alami datan mijil ||

51. Mijil

1. pirang warsa laminya ing mangkin | dènnya madêg katong | ing Mataram dahat ing karsane | datan ana lampah kang tan yukti | parentahiradil | agamanya kukuh ||

2. sri narendra Mataram tinangkil | pêpak wadyanya wong | pra santana pan anangkil kabèh | ya ta ngandika sri narapati | hèh wadya Matawis | manira jêjaluk ||

--- 7 : 49 ---

3. alah karyakêna taman mami | prênahe bing kulon | ing Danalaya iku arane | sakulone ing kadhaton mami | kang wadya wotsari | anulya sinambut ||

4. karsanira sang natèng Matawis | mêng-amêngan katong | laweyan pêthak langkung gêdhene | pan juru taman wastanirèki | ana ing jro puri | karsa kinon mêtu ||

5. nèng kadhaton tansah ngrêrusuhi | nelad warna katong | para garwa kang tidha tingale | akathah garwa ingkang kagimir | nyana sri bupati | ika laminipun ||

6. milanipun sang natèng Matawis | sêkti punjul katong | yèn ngambah sagara lir dharate | lamun arsa ngidêri nagari | ing sakêdhap prapti | ika purwanipun ||

7. inggih pun juru taman kang nyunggi | saparan sang katong | mila lêwih sang nata sêktine | miwah lamun lumampah ing wêngi | tan ana kang wêrit | lan ora kasandhung ||

8. kawarnaa sri bupati mijil | pêpak wadya katong | pra santana wus anangkil kabèh | Adipati Mandraka anangkil | Pangran Mangkubumi | ika jajaripun ||

9. lawan Jêng Pangeran Singasari | anèng ngarsa katong | Martalaya anèng ing wurine | mung Pangeran Pugêr tan anangkil | langkung sakit galih | dening sanak sêpuh ||

10. langkung merang aseba ing siti | dening sanak anom | adipati ing Pugêr karsane | adarbea cêcangkok pribadi | ing Dêmak anênggih | iku kang dèn jaluk ||

11. angandika sang natèng Matawis | mring

--- 7 : 50 ---

Mandraka alon | miwah mring Pangran Mangkubumine | paran karsa ing mangke puniki | wayah dika nênggih | ing Pugêr puniku ||

12. dene datan eca ingkang galih | aseba maringong | kakang êmas ing Pugêr karsane | adarbea cêcangkok pribadi | ing Dêmak anênggih | iku kang dèn jaluk ||

13. iku nalar dadia têtawing | panjênêngan ingong | nèng Mataram Mandraka sru linge | sakathahe pra bupati iki | sadaya ngong tari | paran budinipun ||

14. wadya Mataram asaur-pêksi | dhèrèk karsa katong | wontên ngriki pan èwêd manahe | lêng suwawi darbea nagari | pra santana sami | sadaya jumurung ||

15. Panêmbahan angandika aris | maring kang ponang wong | aturana si kakang marene | sigra mêsat utusan gya prapti | Kapugêran nênggih | anulya umatur ||

16. pan kawula dinuta de rayi | paduka sang katong | angaturi ing paduka anggèr | ingantosan wontên ing satinggil | pangeran andugi | ing karsa ri prabu ||

17. wus akampuh sigra nulya mijil | dèn iring ponang wong | sêsandêran pan aglis praptane | sampun rawuh ngarsane kang rayi | ajajar alinggih | Mandraka nèng ngayun ||

18. angandika sang sri narapati | mring kang raka alon | jêngandika lah kakang ing mangke | anampènana Dêmak nagari | madêga dipati | nèng Dêmak dèn sarju ||

19. ingkang raka anuhun nampèni | andika sang katong | sigra bubar kocapa enjinge | sabrayanira [sa...]

--- 7 : 51 ---

[...brayanira] tan ana kari | tan winarnèng margi | prapta lampahipun ||

20. pan ing Dêmak sampun dèn anciki | idhêp sakèh ing wong | yèn ing Dêmak putra bupatine | sakathahing wong Dêmak pan ajrih | dhatêng sang dipati | Pugêr samya nungkul ||

21. pamomonge ran Tôndhanagari | jêng pangeran kaot | pan ing mangke jinunjung linggihe | awasta Dipati Panjêr nênggih | kinarya pêpatih | pan sampun misuwur ||

22. apan akarya pêpatih kalih | jêng pangeran mangko | dening wastane kang satunggile | nênggih ki adipati ing Gêndhing | puniku angsaling | wong Dêmak satuhu ||

23. apan têtiyang sa-Dêmak mangkin | karèh ing wong roro | wadya sami ngidhêp sakathahe | adipati ing Dêmak amukti | timbang ing Matawis | ing kamuktènipun ||

46. Adipati Dêmak ambalela dhatêng Mataram

24. ênêngakêna ing Dêmak nênggih | warnanên sang katong | ing Mataram siniwèng wadyane | para santana samya anangkil | myang para dipati | miwah pinisêpuh ||

25. dene ingkang sadhèrèk narpati | kêkalih kang anom | Mas Têmbaga namane duk lare | Ki Mas Kadhawung ingkang sawiji | ingkang karsa aji | pan jinunjung lungguh ||

26. mangkana andikaning narpati | mring sakathahing wong | hèh sakèhe wadyaningsun kabèh | ariningsun Mas Têmbaga mangkin | ingsun junjung linggih | lan yayi Kadhawung ||

27. Ki Têmbaga

--- 7 : 52 ---

sun junjung dipati | Pugêr namanya wong | Ki Kadhawung iya kêkasihe | ajênênga Dêmang Tanpanangkil | santana ngèstrèni | tuwin pinisêpuh ||

28. Panêmbahan angandika malih | apa wartaning wong | kakang êmas ing Dêmak jênênge | apan tan ana sawalèng budi | ing Dêmak nagari | apa arja tulus ||

29. Martalaya matur saha bêkti | dhatêng ing sang katong | raka paduka pênêt wartine | tan wontên warti kang makèwêdi | kang kinarya patih | nênggih êmbanipun ||

30. Tôndhanagara jinunjung linggih | namane linorod | ingalih pun Panjêr kêkasihe | nagaranipun akarta karti | sigra sri bupati | jêngkar angadhatun ||

31. wus pirang taun lamine mangkin | sigêgên sang katong | ing Mataram wontên kocap malèh | adipati ing Dêmak anênggih | pan lagya tinangkil | dening mantrinipun ||

32. wus alami pan jênênge mangkin | tan seba sang katong | apan kalimput ing kamuktène | wontên bupatinipun sawiji | Dipati ing Gêndhing | ika wastanipun ||

33. sigra matur ing sang adipati | aturira alon | kawula nuhun gusti karsane | dening tan sowan dhatêng Matawis | atur ulun gusti | lêhêng sampun tanggung ||

34. yèn suwawi nagri lèring wukir | binahak kemawon | kinèn ngidhêpa ing Dêmak kabèh | lan sampeyan madêga narpati | apan tunggil wiji | lan rayi sang prabu ||

35. apan sampun asêmbada gusti | tuwan [tuwa...]

--- 7 : 53 ---

[...n] madêg katong | wong bang êlèr paduka ratune | rayi tuwan jumênêng Matawis | pan dados narpati | punika apatut ||

36. adipati ing Dêmak sigrangling | abênêr sun raos | apan kang ingsun arah lawase | nanging ingsun durung duwe kanthi | mêngko sira iki | dadi kanthiningsun ||

37. angandika sira adipati | maring kang punang wong | lah ta sira alungaa kabèh | bêbahaka wong saloring wukir | sira kona sami | aseba maringsun ||

38. yèn amogok patènana sami | rabine kaboyong | wadyanira sampun amit kabèh | anglampahi andikaning gusti | sigra dèn bahaki | wong salèring gunung ||

39. ingkang bôngga sami dèn patèni | rabine binoyong | wus misuwur Dêmak pambalike | Dipati Pajang miyarsa warti | yèn Dêmak ambalik | aputusan sampun ||

40. mring Mataram ngaturi upaksi | marang ing sang katong | kawarnaa ing Mataram mangke | sri bupati pan lagya tinangkil | dening para mantri | ajêjêl supênuh ||

41. para santana kabèh anangkil | Mandraka tan adoh | Mangkubumi punika jajare | lawan pangeran ing Singasari | Martalaya nangkil | atap anèng ngayun ||

42. dyan warnanên putusan kang prapti | marêk ing sang katong | wus tinata utusan ature | kawula nuwun sri narapati | kawula sang aji | anênggih ingutus ||

43. pun paman Pajang atur upaksi | ing kangjêng sang katong |

--- 7 : 54 ---

yèn pun kakang ing Dêmak karsane | ambalik dhatêng sri narapati | wong salèring wukir | pan sampun ingirup ||

44. kang abôngga apan dèn pêjahi | rabine binoyong | dipun jarah saraja-darbene | apan sampun jumênêng narpati | nagarèng pasisir | pan sampun misuwur ||

45. angandika sang natèng Matawis | mokal ujaring wong | apan ingsun piyandêl adêge | lamun kakang êmas ambahaki | wong saloring wukir | iku apan patut ||

46. nadyan amèta wong kidul wukir | ngong darma amomong | kakang êmas iya kang adarbe | iya Dêmak iya ing Matawis | wêlinge ramaji | pan kinèn apatut ||

47. Panêmbahan angandika aris | mring Mandraka alon | inggih eyang karsaningsun mangke | kakang êmas Dêmak ngong aturi | marang ing Matawis | lami tan têtêmu ||

48. lan sakèhe pawarta puniki | manawa tan yêktos | iku arsa sun yêktèkkên dhewe | yèn si kakang datan ana prapti | èstu tan sayêkti | gèn duwe sadulur ||

49. Ki Môndaraka asru dènnyangling | andhèrèk sang katong | miwah pun paman Mangkubumine | lawan pun paman ing Singasari | karsanipun sami | dhèrèk karsa prabu ||

50. lawan wêwêlinge duk ing nguni | rama dika katong | kinèn atuta darbe sadhèrèk | sintên kang wiwit awon kariyin | tan amanggih bêcik | wasiyat ing ratu ||

51. sigra sang nata angandikani |

--- 7 : 55 ---

mring gandhèke kang wong | lah lumakua mring Dêmak age | aturana kakang mring Matawis | matura sirèki | yèn kangên ngong langkung ||

52. lan sakèhe desa loring wukir | Kêndhêng turna mangko | kang dinuta amit mêsat age | tan winarna lampahirèng margi | apan sampun prapti | ing Dêmak jinujug ||

53. Dipati Dêmak lagya tinangkil | pêpak kang ponang wong | adipati ing Gêndhing ngarsane | Adipati Panjêr tan atêbih | wus atur upêksi | yèn utusan rawuh ||

54. praptèng ngarsa utusan wotsari | kawula kinongkon | dhatêng rayi paduka nah anggèr | ngaturakên dhusun loring wukir | sapindhahe malih | kawula ingutus ||

55. ngaturi tuwan dhatêng Matawis | kang wêling sang katong | rayi paduka sangêt kangêne | dene alami datan kapanggih | dipati lingnyaris | nora gêlêm ingsun ||

56. sigra mojar Adipati Gêndhing | kêras ujarnya wong | apan ingsun ingkang nora awèh | yèn aseba marang ing Matawis | pan wus madêg aji | ingsun kang anjungjung ||

57. kari apa lan Prabu Matawis | padha putra katong | gustiningsun apan tuwa dhewe | apa nora pantês dadi aji | apan ingsun wani | Mataram amungsuh ||

58. alah matura sira dèn aglis | marang ing sang katong | apan ingsun ingkang nora awèh | adipati angandika aris | warahên si adhi | ingsun ora purun ||

59. têlasêna wadya ing Matawis |

--- 7 : 56 ---

tan lumampah ingong | kang utusan wus pamit ulihe | tan kawarna ing marga wus prapti | nagri ing Matawis | warnanên sang prabu ||

60. sampun miyos sang nata tinangkil | pêpak wadya katong | Môndaraka tansah ing ngarsane | miwah Jêng Pangeran Mangkubumi | lawan Singasari | tansah anèng ngayun ||

61. sampun prapta utusan wotsari | anuhun sang katong | apan sampun paduka akèngkèn | angaturi raka padukaji | pan botên lumaris | sampun madêg ratu ||

62. Ki Dipati Gêndhing kang akardi | mila madêg katong | wus misuwur nagari bang êlèr | wêlingipun mring kawula gusti | dèn ajana kari | wong Mataram iku ||

63. môngsa ingsun gêlêma nindaki | mring Mataram ingong | pan ingsun duwe nagara dhewe | kathah-kathah ujare rumiyin | lan Dipati Gêndhing | nênggih botên patut ||

64. adat awon cangkême pun Gêndhing | tan layak kawiyos | sampun têlas kang duta ature | sapamirsanya sri narapati | dahat èmêng galih | asmara tyasipun ||

52. Asmaradana

1. angandika sri bupati | inggih kaki Môndaraka | punapa karsane ngakèh | ing mangke wuwus saèstya | ing ala bêcikira | Ki Môndaraka umatur | yèn mangkotên rakandika ||

2. dening angowah-owahi | ing wasiyat ingkang rama | amokal lampah karsane | singa ingkang miwitana | môngsa botên manggiha | ipat-ipat kang sinuhun |

--- 7 : 57 ---

môngsa manggiha raharja ||

3. karsa manira ing mangkin | lah suwawi linurugan | lah Ki Mangkubumi priye | miwah anak Singasêkar | lah paran karsa para | Pangran Mangkubumi muwus | inggih ta ngantos punapa ||

4. Panêmbahan ngandikaris | bênêr samya tandangana | pan wus karuan alane | kakang Adipati Dêmak | arsa angayonana | têpung brêngos lawan ingsun | lah payo padha dandana ||

5. Kakang Martalaya aglis | pakênira têngaraa | Martalaya sigra bêndhe | obah kang wadyèng Mataram | samya dandan sanjata | wus dandan sajuru-juru | kang wadyabala Mataram ||

6. ngalun-alun dènnya baris | pra santana samya prapta | Pangeran Purobayane | lan Pangeran Têpasana | pêpak sami aseba | ing ngarsane sang aprabu | miwah kang para prawira ||

7. prasamya atata baris | Adipati Môndaraka | umatur dhatêng sang katong | kadya punapa ing karsa | sintên kang tinêdaha | punapa tuwan sang prabu | nanging wêtawis kawula ||

8. amunga mantri Matawis | lan sagung para santana | lan para prawira kabèh | kadi kawawa anôngga | adipati ing Dêmak | angandika sang aprabu | sampun dika anggêgampang ||

9. datan wontên gêdhe cilik | Hyang Suksma ingkang kawasa | karya mênang lawan kawon | punika pan sami putra | tur putra ingkang tuwa | punjul ing pangrasanipun | lawan wayah-wayah dika ||

10. si kakang arsa ngayomi | kaki dhatêng ing manira | yêktingong [yêkti...]

--- 7 : 58 ---

[...ngong] lampahi dhewe | dhatêng nagari ing Dêmak | lah nêdha bubarêna | sakèhe gêgaman agung | sigra nulya tinêngaran ||

11. anulya bubar kang baris | ingkang lumampah ing ngarsa | sakathahe mantri kilèn | Kyai Bocor wastanira | lan ngabèi ing Rawa | myang Tumênggung Awu-awu | ing Kalêgèn Kyai Rêngga ||

12. ing Kalèng pan angabèi | Bagêlèn lor kang kocapa | Ngabèi Jênar wastane | ing Lugu Kyai Jayuda | Sêmawung sira Rôngga | Ki Ngabèi Sangubanyu | ing Sampang Jayawikrama ||

13. ing Rendhetan Angabèi | Yudasara wastanira | samya nindhihi sikêpe | sadaya samya prawira | kathahe kawan dasa | prasamya gêng-agêngipun | kang dadya panganjuring prang ||

14. sumambung wadya Matawis | Ki Ngabèi Patrabôngsa | Tumênggung Singajayane | kalawan Arya Panular | Ki Dêmang Tanpanaha | Wiranagara Tumênggung | lan Tumênggung Jagayuda ||

15. Ki Ngabèi Wirapati | lan Dêmang Salang Sêmirang | Kartiwadana sisihe | anulya Ki Saradipa | kalawan Jasêpônta | Martalaya anèng pungkur | nindhihi wadya Mataram ||

16. pra santana anèng wingking | arampak lan Martalaya | Pangeran Purobayane | lan Pangeran Têpasana | Arya Wiramênggala | lan Riya Jayaragèku | myang Pangeran Pringgalaya ||

17. Pangeran Juminah nuli | lan Dipati Kapugêran | lan Dêmang Tanpanangkile | anulya sri naranata | lumakya munggèng madya |

--- 7 : 59 ---

nênggih kang dadya pamungkur | Ki Dipati Môndaraka ||

18. myang Pangeran Mangkubumi | lan Dipati Singasêkar | lawan wong Kajoran kabèh | amagêrsari lampahnya | dhatêng sri naranata | kol lêlêmbing sikêpipun | samya prayitna ing yuda ||

19. sasabipun wong angrangin | nulya wong kang sarawisa | asambung wong anyutrane | anuli kawula matang | saragêni ing ngarsa | priyantaka wurinipun | tinon saking ing mandrawa ||

20. lir sagara tanpa têpi | sinang lir wukir katunwan | apangkat-pangkat lakune | samya mawa panêngêran | sajuru-jurunira | panêngêrane malêdug | sikêpe datan katingal ||

21. lir kêkuwung obar-abir | teja wangkawa sinawang | umbul-umbul ing ngarsane | kang lêlayu gêni roga | lir wana kawêlagar | cakra atub kadi ulung | arêratwan tiningalan ||

22. datan kawarna ing margi | pan sampun prapta ing Pajang | gêgaman Pajang wus awor | kocapa Dipati Dêmak | sêdhênge anèng pura | angeca-eca sang prabu | kalawan kang para garwa ||

23. sampun sinungan upaksi | dening kang wong kajinêman | dipati anulya miyos | wadyabala apêpakan | aglar anèng pasowan | Dipati Gêndhing nèng ngayun | Dipati Panjêr jajarnya ||

24. angandika sang dipati | lah bapa têngaranana | rajèng Mataram wartane | arsa anggêcak ing Dêmak | lagya ana ing Pajang | Dipati Gêndhing amuwus | atakèn ing kajinêman ||

25. sapa ingkang anindaki | kang minôngka [mi...]

--- 7 : 60 ---

[...nôngka] senapatya | kang tinanyan angling alon | sri naranata priyôngga | lan para samitranya | miwah ingkang pinisêpuh | Mataram kêbut sadaya ||

26. malêrêk Dipati Gêndhing | angartika ring tyasira | lamun mangkono wartine | kaya ngapa yèn mênanga | wadya Dêmak sapala | têka awêdi atiku | kadyapa yèn gingsirana ||

27. gya munya bêndhe tinitir | muntab ri kang wadya Dêmak | wus prayitna salamine | gêgamane sami prapta | lan prajurit sadaya | anèng Dêmak sangang èwu | punika cacahing karya ||

28. Dipati Dêmak sigrangling | mring Dipati Gêndhing ika | ing mêngko parentah ingong | sira dadia pangawat | têngên anindhihana | mantri têngên kabèh iku | sira ingkang angadua ||

29. wadananing para mantri | Tumênggung Jayasêmodra | dene ingkang satunggile | Ki Tumênggung Jayantaka | lan Dêmang Sastrayuda | Ki Ngabèi Jagasatru | lan Ngabèi Kartahita ||

30. dene ta ingkang sasisih | dadia pangawat kiwa | bapa Panjêr têtindhihe | wadana kiwa Ki Arya | Binorong wastanira | Ki Ngabèi Walangcanthung | lan Rôngga Wirajaladra ||

31. lawan Dêmang Orang-aring | Ngabèi Sinabakarna | lawan Rôngga Mulatènge | iku dadia pangiwa | si bapa nindhihana | lawan kajinêman ingsun | lumampaha ngarsaningwang ||

32. lah wus bubarêna aglis | nulya sigra tinêngaran | dêdamêl kumêrab kabèh | umbul-umbul myang kakôndha | lêlayunira [lêlayuni...]

--- 7 : 61 ---

[...ra] amyang | apindha wukir katunu | balakuswa ambêlabar ||

33. tan kandhêg lampahing baris | Dipati Dêmak wus prapta | ing pasanggrahan Tambakwos | wadya Mataram wus prapta | samya ayun-ayunan | nanging kasaput ing dalu | wong cilik samya rêrangkah ||

34. rajèng Mataram winarni | aparentah wadyanira | hèh wong Mataram sakèhe | wêkas ingsun maring sira | yèn sira praptèng rana | kakang êmas yèn angamuk | olèha wong pira-pira ||

35. ajana sira ladèni | lah pacuhan kabèh sira | dyan enjang bubar barise | wong Mataram wus atata | glarira prit anêba | gêgaman Dêmak wus mêtu | sami ambêdholi rangkah ||

36. sampun atata abaris | glarira mangkara byuha | ingkang minôngka supite | Dipati Panjêr kang kiwa | Gêndhing ing têngênira | awak-awak gustinipun | Pangeran Pugêr ing Dêmak ||

37. anulya têngara muni | wong Mataram nêmpuh sira | kang tinunjang pangawate | Dipati Gêndhing wus mara | lawan para prawira | sarêng dènira angamuk | surak lir pendah ampuhan ||

38. anuju sira Dipati | Martalaya kang tinunjang | lan mantri Panumping kabèh | arame dènira aprang | wong Dêmak karepotan | apan ta karoban mungsuh | prajurite kathah pêjah ||

39. Dipati Gêndhing ngawaki | ngamuk lan Jayasamodra | Martalaya wus atanggoh | kalawan para prawira | miwah Ki Jasupônta | Dipati Gêndhing kinêpung | kalawan [kalawa...]

--- 7 : 62 ---

[...n] sarowangira ||

40. polahe lir banthèng kanin | kang para mantri ing Dêmak | kinêpung prajurit akèh | ngalèr ngidul katampèkan | Gêndhing sampun kabranan | Martalaya lawanipun | Dipati Gêndhing wus sayah ||

41. pan wus rinoban ngajurit | Gêndhing kaprawasèng kathah | tan ketang brana kathahe | Dipati Gêndhing wus pêjah | Jayasamodra tandang | nanging prangira wus tatu | gya rinoban nulya pêjah ||

42. mastaka katigas sami | wus malayya ringri. kang gêsang | ring kèri nêmpuh gya prange | Dipati Panjêr anunjang | Binorong tan apisah | saha bala gya angamuk | nêmpuh santana Mataram ||

43. kang tinunjang tan agingsir | kinêpang kinandhang-kandhang | Binorong brana jajane | Ki Mulatènge wus pêjah | Walangcanthung kabranan | Ki Sabakarna lumayu | Dipati Panjêr kinêpang ||

44. anulya dipun gêbugi | ingantêban lan lêlungka | saha pinopor êndhase | Dipati Panjêr wus sayah | gulimpang nuli niba | gya binasta kinayuyung | prajurite kathah pêjah ||

45. baris Mamatam nginêbi | Dipati Dêmak kinêpang | mung kari kajinêmane | kang aran Sapigumantar | lawan pun Sêcaula | Mete-mete lan Pangamuk | lan Ki Dêmang Panayaban ||

46. pun Sabalong Sababêngi | lan Ki Arya Rêrusuhan | ika sami lêlurahe | Dipati Dêmak sira gya | nêmpuh lan kajinêman | sing katêmpuh pan malêdug | kalangkung prakosanira ||

47. wong Mataram kathah mati | dening [de...]

--- 7 : 63 ---

[...ning] dipati ing Dêmak | apan langkung prakosane | tan ana braja tumama | dening kang kajinêman | apan sampun têlas lampus | rinêbut de wong Mataram ||

48. amung kantun sang dipati | kinêpung de wong Mataram | samya ngagêm canggah kabèh | dipati pan kinathahan | cinanggah keri kanan | kudane pan sampun lampus | gêgamane sampun gigal ||

49. lir banthèng atawan kanin | pangamuke karo tangan | wadyane wus lêbar kabèh | kalangkung dènnya prakosa | adipati ing Dêmak | sing katarajang malêdug | ingamuk kalawan asta ||

50. wong Mataram akèh mati | jinêjêg miwah dinugang | kang tinampèl tugêl dhase | kang katêrak bubar-bubar | binithi kapisanan | myang jinagur akèh rêmpu | kang sinampar kapalêsat ||

51. angamuk saya nêngahi | sang adipati ing Dêmak | wong Mataram mara kabèh | dipati wus kinathahan | cinanggah jinaringan | pangamuke sampun liwung | sarira kuthah ludira ||

52. ginitikan lawan bêdhil | kinêbyok watang kumbala | tan katingal pangamuke | datan pasah dening braja | adipati ing Dêmak | pangamuke dahat têguh | kalintang prakosanira ||

53. rosa pira wong sawiji | kinarubut ing akathah | pasthi kawon ing têmahe | jinirêtan jinaringan | sira Dipati Dêmak | kang sarira sampun lêsu | Ki Baurêksa narajang ||

54. anulya cinêkêl nuli | Dipati Dêmak tan obah |

--- 7 : 64 ---

wus ngambilan gêgamane | wadya ing Mataram enggal | amundhut tandhunira | pangeran sampun tinandhu | wadya Dêmak sirna gêmpang ||

55. wus katur ing sri bupati | yèn kang raka wus kabêkta | sang nata sigra ambêndhe | tan antara nulya bubar | saking ing pasanggrahan | wong Mataram bubar sampun | Pangeran Pugêr binakta ||

56. Dipati Panjêr tumuli | sinudukan anèng marga | binuwang jurang mayide | sang nata pan sampun prapta | Mataram sigra mojar | wong gandhèk kang kinèn wangsul | timbalana kakang êmas ||

57. konên awangsul nèng margi | maringa Kudus nagara | putusan awangsul age | Pangeran Pugêr kapapag | Pajatèn wastanira | winangsulan mringa Kudus | dèn iring wadya Mataram ||

58. pinarnah ing Lèpèngêlis | Pangeran Pugêr wismanya | sagarwa putra wayahe | sadaya sami binêkta | langkung kawêlas-arsa | punika sangkalanipun | rêksi paksa nata janma ||Sengkalan: rêksi paksa nata janma (1527 A.J.).

59. kocapa sri narapati | ing Mataram siniwaka | pêpak wadyabala kabèh | miwah kang para santana | kalawan pinituwa | ing pagêlaran supênuh | Panêmbahan angandika ||

60. lah mêngko ing Dêmak iki | ingsun tanduri dipatya | lurah wong ganjur sun gawe | kang aran Gadamastaka | lah sira ajênênga | Si Suranata Tumênggung | mêngkua nagara Dêmak ||

61. sakèhe wadya Matawis | samya ngèstrèni sadaya | sang nata sampun anglèlèr | busana lawan [la...]

--- 7 : 65 ---

[...wan] ardana | mantri kabèh warata | para santana asinung | busana lawan kancana ||

62. lawan sêlaka waradin | prasamya suka sadaya | santana sarêju kabèh | Pangran Arya Pringgalaya | ngaturakên prasêtya | dhumatêng ing sang aprabu | yèn kawula anêdyaa ||

63. balela dhatêng narpati | mugi satêdhak kawula | mugi cupêta umure | nadyan satêdhak narendra | lamun saturun amba | yèn wontên kang nêdya mungsuh | sampun amanggih raharja ||

64. kang sampun dados narpati | yèn wontên kang balelaa | sampun salamêt ing têmbe | turun kawula wanita | nênampura sang nata | angandika sang aulun | alah adhi sun tarima ||

65. sinêksèna de Hyang Widi | ing saturun-turunira | pinasthi dadi kanthine | turun manira narendra | lamun ora uninga | tan arja ing jênêngipun | môngsa ngartakêna praja ||

66. ingkang rayi awotsari | sang nata anulya jêngkar | ya ta kondur angadhaton | ginarêbêg ing biyada | ingkang anggana raras | lêstantun manjing kadhatun | pinapag pêksi sarkara ||

47. Pangeran Jayaraga kadadosakên adipati wontên ing Panaraga, nanging lajêng ambalik mêngsah Mataram

53. Dhandhanggula

1. ênêngakna natèng ing Matawis | kawarnaa Pangeran Jaraga | arine sang nata mangke | sinung kamuktènipun | pan nagara ing Panaragi | kasrah Pangran Jaraga | sabupatinipun |

--- 7 : 66 ---

apan ta dadi ganjaran | sri narendra kêlangkung dènira asih | mring Pangeran Jaraga ||

2. pan winênang akarya pêpati | pan ingiring dening payung bawat | sakawan kandhaga lante | nênggih pamomongipun | iya Rôngga ing Panaragi | mantrinira sadaya | punika ingetung | Ngabèi Malangsumirang | Nayahita lawan Panji Wirabumi | miwah ingkang lêlurah ||

3. Gêniroga wastane sawiji | lawan sira Ki Surônggamarta | Ki Lumaju katigane | Soda sakawanipun | Mangkudirja ingkang sawiji | lawan Andakawana | Singadarpa iku | lawan Ki Wirasantika | wontên malih kang aran Rôngga Sumêngit | lawan Ki Cakrawôngsa ||

4. kang sakawan payung bawat sami | kang sadasa lêlurah sadaya | prasamya lêlinggih lante | lêlurah patang puluh | kang wêwolu linggihe nênggih | kapêdhake akathah | cacah kalih atus | kajawi lêlurahira | para mantri punika datan kawarni | pêpak sami aseba ||

5. mantrinira wau Ki Dipati | Jayaraga agêng manahira | kalimput dening kamuktèn | angrasa lamun purun | ngrêbat waris kraton Matawis | ya ta miyos sineba | ing pasowan agung | dening mantrine sadaya | lêlurahe pêpak prasamya anangkil | dipati angandika ||

6. paman Rôngga sira ingsun tari | lan si bapa Wirabumi sira | lah karsa ulun ing mangke | ulun arsa amungsuh | maring kakang Prabu Matawis |

--- 7 : 67 ---

prasamya sinasuta | mring yayah karuhun | sasêtya singa prakosa | pasthi iku jumênêng Nata Matawis | iku lah karsaningwang ||

7. apan ulun ring mangkya puniki | pan kawasa angrurah sang nata | rumôngsa ngong adu akèh | Pangeran Rôngga matur | nuhun duka ulun puniki | sampun anggèr mangkana | dahat ulun nuhun | pan paduka kinasihan | sinung mukti lan nagri rajapêpati | dhatêng raka paduka ||

8. Pangran Jaraga sigra dènnyangling | ulun iki bapa datan kêna | kita ampaha ing mangke | lêlurah gya umatur | ulun iki dhatêng suwawi | inggih ngantos punapa | wus sêdhêng tinêmpuh | wadya tuwan pan akathah | yèn adunên kalawan wadyèng Matawis | tan wontên gumingsira ||

9. dahat ature Ki Wirabumi | angambêngi lan Pangeran Rôngga | datan piniyarsa ture | mantri sakawan rêmbug | datan wontên pinirsa sami | sigra nulya luwaran | kasaput ing dalu | Pangran Rôngga rêrêmbugan | lawan Panji Wirabumi lan Ngabèi | Malangsumirang sira ||

10. lan Dêmang Nayahita tan kari | Pangran Rôngga ika angandika | lah kadyaparan rêmbuge | mênggahing gusti iku | nanging boya kêni ngaturi | kêdahnya mêngsah nata | balik karsanipun | amêngsah mring wong Mataram | datan wande mantri sakawan puniki | pasthi dadi kêthokan ||

11. alah nêdha matur ing narpati | samya ngaturakên pêjah gêsang | kang rayi awon sêdyane | mantri

--- 7 : 68 ---

sakawan rêmbug | nulya dandan bubar ing wêngi | mantri ing Kajaragan | dhatêng alun-alun | lêlurahipun sadaya | sami mirsa yèn Rôngga lan Wirabumi | lolos ing wêngi ika ||

12. lêlurah sami garjitèng ati | pan angrasa lamun kadhèwèkan | sami angeja wêkase | tumulya atut pungkur | samya pepe dhatêng sang aji | sampun kumpul sadaya | anèng alun-alun | sêdya atur pêjah gêsang | enjingane sang nata miyos tinangkil | pêpak kang wadyabala ||

13. sri narendra wau aningali | wong aseba sor waringin kêmbar | andhèr prasamya apepe | angandika sang prabu | hèh wong gandhèk mudhuna aglis | lah kita pariksaa | sapa pepe iku | kang pinèpèkakên apa | sigra nêmbah wadya gandhèk gya umijil | lumaywa amêndhapan ||

14. sampun prapta wong gandhèk sigrangling | hèh Ki Rôngga apa sêdyanira | dene apepe janmakèh | Pangran Rôngga amuwus | pan kawula tur pati urip | dhatêng sri naranata | saking ajrih ingsun | kang rayi sêdyanya ala | arsa balik balela dhatêng sang aji | pakênira matura ||

15. sigra mêsat wadya gandhèk aglis | prapta ngarsane sri naranata | sampun katur saature | Ki Rôngga mring sang prabu | sri narendra akèn nimbali | mring mantri Kajaragan | saksana gya rawuh | ature katur sadaya | yèn karsane kang rayi arsa ambalik | asru duka sang nata ||

16. asru ngandika sri narapati | lah ta

--- 7 : 69 ---

kita yayi Pringgalaya | lah lumakua dèn age | lan Martalaya iku | sakancane mantri panumping | kabèh padha muliha | mring Jaragan iku | lêlurahe ingkang ala | patènana jarahên ajana kèri | si adhi lungakêna ||

17. aja ana nagarèng Matawis | lungakêna lan rabine pisan | aja anggawa liyane | marang Pasigit Watu | ingkang kinon sami wotsari | nulya sami lumampah | swarane gumuruh | gègèr ing pasar puyêngan | wong Mataram sadaya sami atintrim | warnanên kang lumampah ||

18. ing Jaragan sigra nulya prapti | jêjabane sampun jinarahan | lawan sarajakayane | pangeran kang winuwus | apan lagi pinarêk kathil | ingadhêp dening garwa | kang tangis gumuruh | sêsambate amlas-arsa | dhuh pangeran wontên punapa puniki | wong Mataram akathah ||

19. wontên jawi samya masang baris | kadipundi kakang karsa dika | tan wande dhatêng marene | dhuh anggèr gustiningsun | paran dosa tuwan ing nguni | Pangeran Jagaraga | kalangkung gêgêtun | angrasa yèn kasisipan | tan adangu utusan dalêm wus prapti | Pangeran Pringgalaya ||

20. Adipati Martalaya prapti | rowangira alinggih ajajar | andhawuhkên timbalane | kang andika sang prabu | pakênira kinèn gumingsir | sampun anèng Mataram | mringa masjid Watu | aywa amawi parêpat | mêhêng graha salah sawiji ywa kari | agya [a...]

--- 7 : 70 ---

[...gya] lah lumampaha ||

21. gya umêdal sira Adipati | Jayaraga saha rabinira | lwih kawlas-arsa lampahe | kaduwung manahipun | wus kabêktèng de wong Matawis | kathahipun sakawan | laris lampahipun | Masigit Watu wus prapta | sinangkalan tanpa guna misik nabi |Sengkalan: tanpa guna misik nabi (1530 A.J.). samya ingèngêtana ||

22. tunggil warsa tan lami ingalih | dinokok pulo Nungsa Barambang | ing kidul kulon prênahe | saking Mataram iku | ênêngêna datan kawarni | kocapa sri narendra | miyos ing kadhatun | sineba de para putra | pra santana para mantri myang prajurit | jêjêl ing pagêlaran ||

48. Nata ing Mataram seda, dipun gêntosi Pangeran Martapura, lajêng lèrèh, dipun gêntosi Pangeran Rangsang, ajêjuluk Prabu Pandhita Cakrakusuma

23. sampun katur lamun ingkang rayi | Pangran Jaraga yèn sampun kesah | mung rabi siji rowange | jarahan sampun katur | angandika sri narapati | sakèhing wong Mataram | sira dèn padhemut | tuwin kabèh sanak ingwang | dèn padheling wawêkase rama aji | sapa ingkang alaa ||

24. nora nêmu raharja nêmahi | mêngko iki tontonane ana | kakang mas Pugêr samene | Jayaraga tan emut | anêmahi kawêlas-asih | mantri samya anêmbah | pra santana nuhun |

--- 7 : 71 ---

kang anom samya tur sêmbah | pan sadaya santana prasamya ajrih | wêlinge ingkang rama ||

25. Panêmbahan angandika aris | hèh Mas Rôngga lah uwis mèlua | mring nagaranira dhewe | ing Pranaraga iku | anataa ing bala mantri | Pangeran Rôngga ika | nêkêm sirahipun | sampun mundur sing ngajêngan | wus lumampah datan kawarna ing margi | wus pratèng Pranaraga ||

26. tan winarna lamine ing mangkin | Jêng Pangeran Mangkubumi ika | sampun kêkalih putrane | satunggil ingkang jalu | kinasihan dening narpati | jinunjung lungguhira | sinung dhusun agung | winastanan Adipatya | Sokawati sampun aputra satunggil | winastanan Mas Pethak ||

27. Ki Mas Pethak pan jinunjung linggih | tinanêm anèng Madiun ika | Ki Mas Pethak dipatine | pan wus anèng Madiun | apan wênang darbe pêpati | Pangeran Singasêkar | darbe putra jalu | Ki Mas Wujil wastanira | wus jinunjung lungguh Radèn Wiramantri | punika wastanira ||

28. pan sinungan nagri Pranaragi | wong Panaraga nungkul sadaya | ya ta kang tinutur malèh | ingkang raka sang prabu | ingkang raka pangulu nênggih | Pangran Juminah ika | pan aputra jalu | satunggil jinunjung lênggah | de sang nata apan sinungan kêkasih | Adipati Balitar ||

29. lawan malih putrane Dipati | Môndaraka putrane sakawan | kang sami jalu kathahe | kacarita têtêlu | ingkang èstri amung satunggil | iku [i...]

--- 7 : 72 ---

[...ku] wuragilira | wastane kang sêpuh | Pangran Manduranagara | arinipun Juru Wirapraba nênggih | Juru Kithingtaruna ||

30. wuragil èstri ika ta krami | ingkang angsal sira adipatya | ing Batang pan nagarane | ya ta ingkang winuwus | Pangeran Maduranagari | putranipun sakawan | kang kêkalih wau | wus jinunjung linggihira | de sang nata kang tuwa sinung kêkasih | Pangran Mandurarêja ||

31. ingkang anèm sinungan kêkasih | nênggih pangeran ing Upasônta | wus sami sinung kamuktèn | rayinipun sang prabu | Radèn Pringgalaya anênggih | putranira akathah | nênggih kang panggulu | wus jinunjung lungguhira | akêkasih Prawirataruna nênggih | sampun sinung kawiryan ||

32. kang panêngah wus jinunjung linggih | ki adipati ing Martasana | pan akathah sadhèrèke | apan namung puniku | kang jinunjung linggihirèki | ênêngêna sêmana | kocapa sang prabu | nênggih aputra lêlima | ingkang jalu sakawan èstri satunggil | putrane sri narendra ||

33. kang têtiga tunggil ibu nênggih | pambayunipun Rahadèn Rangsang | ni mas Pandhan panggulune | Radèn Mêmênang Prabu | wontên dening ingkang kêkalih | Rahadèn Martapura | iku sanès ibu | kalihnya ran Radèn Cakra | pan Martapura darbe sakit kagingsir | nanging ta amêmangsan ||

34. ri sampuning mangkana winarni | sri narendra malih kang kocapa | datan kawarna lamine | jênêngira sang prabu | apan sampun rowêlas warsi |

--- 7 : 73 ---

sêmana nulya gêrah | Karapyak gènipun | ingadhêp ing para garwa | para putra santana sami sumandhing | maring Jêng Panêmbahan ||

35. Panêmbahan angandika aris | mring kang eyang Dipati Mandraka | myang Pangran Purubayane | lah kaki dika maju | lawan kaki Purubayèki | manira amêmêkas | sampun sami maju | kalih wus binibisikan | alah kaki kakang ing sapungkur mami | kang èstu jumênênga ||

36. kang gumantia karaton mami | nèng Mataram kaki buyut ika | Ki Rangsang iku yogyane | kang madêga satuhu | amutêra nagri Matawis | apan iku prakosa | ing karatonipun | iya ing sapungkur ingwang | tingal ingsun datan ana kang nimbangi | ing jênênge Ki Rangsang ||

37. lan malih kaki wawêkas mami | ingsun dhimin darbe kêkudangan | maring Ki Martapurane | saprayogane laku | nanging dipun kalakon ugi | nuli dipun lungsura | sampun kongsi dangu | nuli Ki Rangsang madêga | alah uwis puniku wawêkas mami | poma dèn kalampahan ||

38. Dipati Pringgalaya winangsit | Panêmbahan aris angandika | hèh putraningsun sakèhe | lah ta sapungkur ingsun | dipun atut ajana sêngit | yèn ana sêdya ala | ywa nêmu rahayu | lah ta uwis poma-poma | wus karia lah kaki manira amit | sang nata nulya mafad ||wafad.

39. para garwa gumêdêr anangis | para putra karuna sadaya | wong dalêm gumêr tangise | swaranipun gumuruh | sarya udan [u...]

--- 7 : 74 ---

[...dan] ariwis-riwis | gunung Marapi obah | swarane gumludhug | kang layon wus siniraman | wus kinapan dipun salatakên nuli | binêkta mring astana ||

40. wus sinare layone narpati | sakilène Masigit Mataram | anèng dagane eyange | sakèhing para kaum | maca dunga nulya ataklim | sampun mêdal sadaya | wong dalêm gumuruh | duk samana sinêngkalan | sanjata tri bayu tunggal iku nênggih |Sengkalan: sanjata tri bayu tunggal (1535 A.J). kawarnaa sêmana ||

41. sasedane prabu ing Matawis | ing Karapyak wau kawarnaa | Pangeran Martapurane | ginantyakkên kaprabun | mung sakêdhap jumênêng aji | nglampahi kakudangan- | nira sang aprabu | kang rama duk dèrèng seda | nanging mangke apan sampun dèn aturi | miyosa siniwaka ||

42. enjing miyos wus munggèng ing kathil | pêpak kabèh kang para santana | Dipati Mandraka age | bêbisik wuwusipun | dhatêng Prabu Martapurèki | lah sira lumungsura | nyawa putuningsun | kakangira Pangran Rangsang | jumênênga narendra anèng Matawis | wêlinge ramanira ||

43. Prabu Martapura awêwêling | sigra lumungsur saking dhêdhampar | Pangran Purubaya age | gumanti sigra lungguh | ing dhêdhampar asru dènnyangling | hèh sakèh wong Mataram | pirsaknapyarsakna. ling ingsun | miwah sakèh pra santana | wruhanira ingsun kang madêg narpati | anèng nagri Mataram ||

44. lah manawa ana ingkang mèri | wani mungsuha ing jênêng ingwang | têkakêna mupung mangke | miwah kang para sunu |

--- 7 : 75 ---

pra santana tan ngong arani | manawa ana malang | payo prang lan ingsun | atandhinga kaprawiran | kaprakosan besuk mêngko sun tandhingi | ajana kumalamar ||

45. wong Mataram sadaya samyajrih | mring Panêmbahan pangandikanya | samya jumurung ature | wus kinèjêpan wau | iya Radèn Pringgalayèki | mring Pangran Purubaya | nulya gya tumurun | ingkang putra pinaranan | Pangran Rangsang mring Radèn Pringgalayèki | ngêmban binêkta minggah ||

46. wus lininggihakên kathil rukmi | dhêdhampar palênggahaning nata | Panêmbahan wus lumèngsèr | angapit-apit lungguh | mring kang putra umadêg aji | iya Pangeran Rangsang | ingestrenan sampun | dènira wong sa-Mataram | Pangran Rangsang yèn sampun madêg narpati | sami gawok sadaya ||

47. datan ana anyana ing ati | yèn Panêmbahan junjung kang putra | mila samya sangêt jrihe | wadya Mataram langkung | suka ing tyas lan sangêt ajrih | mring Pangran Purubaya | pra santana wau | sami ngèstrèni sadaya | mring sang nata sêmana datan winarni | wus sami aluwaran ||

48. ya ta kocapa Ki Adipati | Môndaraka ingkang kacarita | dening apanjang umure | momong ratu têtêlu | ya ta tiga jêng sultan adi | sêmana tan alama | pan anulya surud | sinare anèng Mataram | kacarita Pangran Manduranagari | lan Juru Wirapraba ||

49. punika kang sampun sami lalis | kêkalih sinare Pagambiran | dene kang cinatur malèh | Ki

--- 7 : 76 ---

Juru Kithing wau | nênggih ingkang amaksih urip | apan kang kacarita | panjang umuripun | kocapa Pangeran Rangsang | kang jumênêng prabu anèng ing MataramMatawis. | pan kalah ingkang rama ||

50. jênêngira ngungkuli ramaji | iya dadine pêparentahan | kala sang prabu jênênge | apan sampun misuwur | kocap jênêngira narpati | Prabu Pandhita Cakra | Kusumadiluhung | mila jêjuluk mangkana | dene sakèh kusuma sami ngastuti | ngidhêp salampahira ||

51. lan luput sakèhing tulah sarik | wus pinasthi dènira Hyang Suksma | saliring mêmandhi kabèh | wus kawêngku sang prabu | marmitanya sri narapati | datan apasisihan | sama samèng prabu | apan wus kalokèng jagat | yèn Prabu Pandhita Nyakrakusumadi | wênang anêmbang durma ||

49. Kyai Surantani kautus nêlukakên tanah bang wetan

54. Durma

1. ênêngakêna wau ingkang kocapa | nênggih rajèng Matawis | duk kala samana | enjing miyos sineba | pinarêk ing pôncaniti | munggwing dhêdhampar | pêpak kang wadya nangkil ||

2. agêng alit prasamya nangkil sadaya | miwah para bupati | myang para santana | pinisêpuh sadaya | supênuh kang tôndha mantri | wong priyantaka | munggèng ing ngarsa malih ||

3. amarapit towok tulup lawan pêdhang | ing ngarsa wong saragni | magêrsari kapang | amyang kang tumbak sulam | kalawan wargu panjalin |

--- 7 : 77 ---

sinulam ing mas | warnanira tulya sri ||

4. wong kapêdhak aglar anèng ing ngayunan | wirapraba angapit | lan wong sangkraknyana | sisih wong jagabaya | wong maudara asisih | wong astranôngga | mandhung kidul nèng wuri ||

5. wong jantaka asisih wong tanuastra | nyutra sami nyutrèki | panah sikêpira | lan wong nuswapracôndha | tulup pasikêpanèki | kidul prênahnya | kang lor winarna malih ||

6. wong martalulut sisih singanagara | gandhèk asisih sami | mantri anom ika | katanggung jajarira | wong darpahita anênggih | lan patranala | jajarira alinggih ||

7. wong wirabraja brajanala sisihnya | miwah wong saragêni | sami sragni ika | sisihira alênggah | wong anirbita asisih | sami nirbaya | wong jagasura sami ||

8. jagasura sami sisihe alênggah | wong kartiyasa nênggih | sisih wiramarta | myang wong yudamênggala | asisih lawan wong miji- | pinilih ika | sisih sami pinilih ||

9. wong gêdhongjajar lawan wong pamajêgan | margasada tan kari | sêrati myang dharat | sungging kêmasan karya | ajajar lawan wong gêndhing | samya nèng wuntat | ing ngarsa pra dipati ||

10. Panêmbahan Purubaya munggèng ngarsa | lawan sira Dipati | Juminah jajarnya | Pangeran Pringgalaya | lan pangeran adipati | myang Têpasana | lan Dêmang Tanpanangkil ||

11. miwah Pangeran Arya Wiramênggala | Dipati Pugêr nangkil | Dipati

--- 7 : 78 ---

Balitar | lan Prawirataruna | myang Dipati Sokawati | lan Martasana | iku santana aji ||

12. Pangran Mandurêja lawan Upasônta | wayahira Dipati | Mandraka punika | Pangeran Singasêkar | lan Pangeran Mangkubumi | santana nata | pêpak prasamya nangkil ||

13. lawan para dipati ingkang aseba | pêpak wong pôncaniti | nèng ngarsa sang nata | Dipati Martalaya | Jayasupônta tan kari | samya aseba | miwah mantri Matawis ||

14. Ki Tumênggung Alap-alap anèng ngarsa | lan Arya Surantani | myang Ki Wirarêja | Ngabèi Patrabôngsa | lawan Panji Wirabumi | Malangsumirang | Ngabèi Wirapati ||

15. Kartiwadana alinggih anèng ngarsa | kalawan Wiraragi | lan Arya Panular | Ngabèi Nayahita | Wiratanu tan atêbih | mantri bang kulwan | Ki Bocor bocar-bacir ||

16. sakancane wong kilèn pêpak sadaya | ya ta sri narapati | asru angandika | hèh Surantani sira | têkakêna runtik mami | mring wong bang wetan | lurugana tumuli ||

17. wong Mataram kabèh milua sadaya | santana lawan mantri | sira nindhihana | ingkang ngadua yuda | yèn ana nêdya anolih | sira sosoga | ing ganjur têkèng wuri ||

18. Pasuruan sira iku lurugana | Lumajang aja kari | sira boyongana | lan nagari ing Malang | boyongana aja kari | lamun wus bêdhah | muliha mring Matawis ||

19. alah

--- 7 : 79 ---

uwis uwa paman adhi kakang | lah bubara samangkin | nulya atêngara | mantri obah sadaya | sultan wus jêngkar siniwi | mantuk ngadhatyan | warnanên Surantani ||

20. sapraptane ing wisma kang para garwa | samya mapag ing kori | kang mêthuk ing latar | kinanthi astanira | para garwa aningali | maring kang raka | cahyanira awêning ||

21. para garwa têtiga samya têtanya | kadipundi kiyai | netya jêngandika | owah kalawan saban | datan sakeca ing galih | lamun kawula | sisip tuwan bêndoni ||

Lajêng nyandhak jilid: 8.

--- 7 : [0] ---

Isinipun

43. Mataram dipun lurugi dêdamêl saking ing Bang Wetan. (Dhandhanggula, Durma, Dhandhanggula). ... kaca 10

44. Adipati Pathi mêngsahan kalihan Panêmbahan ing Mataram. (Dhandhanggula, Durma). ... kaca 31

45. Panêmbahan Senapati ing Mataram seda, dipun gêntosi Dipati Anom Mataram. (Durma, Mijil). ... kaca 47

46. Adipati Dêmak ambalela dhatêng Mataram. (Mijil, Asmaradana). ... kaca 51

47. Pangeran Jayaraga kadadosakên adipati wontên ing Panaraga, nanging lajêng ambalik mêngsah Mataram. (Dhandhanggula). ... kaca 65

48. Nata ing Mataram seda, dipun gêntosi Pangeran Martapura, lajêng lèrèh, dipun gêntosi Pangeran Rangsang, ajêjuluk Prabu Pandhita Cakrakusuma. (Dhandhanggula). ... kaca 70

49. Kyai Surantani kautus nêlukakên tanah Bang Wetan. (Durma, AsmaradaAsmaradana. ). ... kaca 76