Sastra Jawa

Program Digitalisasi Sastra Daerah

  • Increase font size
  • Default font size
  • Decrease font size

Babad Tanah Jawi, Balai Pustaka, 1939-41, #1024 (Jilid 08)

Katalog:Babad Tanah Jawi, Balai Pustaka, 1939-41, #1024
Sambung:
1.Babad Tanah Jawi, Balai Pustaka, 1939-41, #1024 (Jilid 01). Kisah, Cerita dan Kronikal | Babad Tanah Jawi #1010.
2.Babad Tanah Jawi, Balai Pustaka, 1939-41, #1024 (Jilid 02). Kisah, Cerita dan Kronikal | Babad Tanah Jawi #1011.
3.Babad Tanah Jawi, Balai Pustaka, 1939-41, #1024 (Jilid 03). Kisah, Cerita dan Kronikal | Babad Tanah Jawi #1012.
4.Babad Tanah Jawi, Balai Pustaka, 1939-41, #1024 (Jilid 04). Kisah, Cerita dan Kronikal | Babad Tanah Jawi #1013.
5.Babad Tanah Jawi, Balai Pustaka, 1939-41, #1024 (Jilid 05). Kisah, Cerita dan Kronikal | Babad Tanah Jawi #1014.
6.Babad Tanah Jawi, Balai Pustaka, 1939-41, #1024 (Jilid 06). Kisah, Cerita dan Kronikal | Babad Tanah Jawi #1015.
7.Babad Tanah Jawi, Balai Pustaka, 1939-41, #1024 (Jilid 07). Kisah, Cerita dan Kronikal | Babad Tanah Jawi #1016.
8.Babad Tanah Jawi, Balai Pustaka, 1939-41, #1024 (Jilid 08). Kisah, Cerita dan Kronikal | Babad Tanah Jawi #1017.
9.Babad Tanah Jawi, Balai Pustaka, 1939-41, #1024 (Jilid 09). Kisah, Cerita dan Kronikal | Babad Tanah Jawi #1018.
10.Babad Tanah Jawi, Balai Pustaka, 1939-41, #1024 (Jilid 10). Kisah, Cerita dan Kronikal | Babad Tanah Jawi #1019.
11.Babad Tanah Jawi, Balai Pustaka, 1939-41, #1024 (Jilid 11). Kisah, Cerita dan Kronikal | Babad Tanah Jawi #1020.
12.Babad Tanah Jawi, Balai Pustaka, 1939-41, #1024 (Jilid 12). Kisah, Cerita dan Kronikal | Babad Tanah Jawi #1021.
13.Babad Tanah Jawi, Balai Pustaka, 1939-41, #1024 (Jilid 13). Kisah, Cerita dan Kronikal | Babad Tanah Jawi #1022.
14.Babad Tanah Jawi, Balai Pustaka, 1939-41, #1024 (Jilid 14). Kisah, Cerita dan Kronikal | Babad Tanah Jawi #1023.
15.Babad Tanah Jawi, Balai Pustaka, 1939-41, #1024 (Jilid 15). Kisah, Cerita dan Kronikal | Babad Tanah Jawi #1024.
16.Babad Tanah Jawi, Balai Pustaka, 1939-41, #1024 (Jilid 16). Kisah, Cerita dan Kronikal | Babad Tanah Jawi #1025.
17.Babad Tanah Jawi, Balai Pustaka, 1939-41, #1024 (Jilid 17). Kisah, Cerita dan Kronikal | Babad Tanah Jawi #1026.
18.Babad Tanah Jawi, Balai Pustaka, 1939-41, #1024 (Jilid 18). Kisah, Cerita dan Kronikal | Babad Tanah Jawi #1027.
19.Babad Tanah Jawi, Balai Pustaka, 1939-41, #1024 (Jilid 19). Kisah, Cerita dan Kronikal | Babad Tanah Jawi #1028.
20.Babad Tanah Jawi, Balai Pustaka, 1939-41, #1024 (Jilid 20). Kisah, Cerita dan Kronikal | Babad Tanah Jawi #1029.
21.Babad Tanah Jawi, Balai Pustaka, 1939-41, #1024 (Jilid 21). Kisah, Cerita dan Kronikal | Babad Tanah Jawi #1030.
22.Babad Tanah Jawi, Balai Pustaka, 1939-41, #1024 (Jilid 22). Kisah, Cerita dan Kronikal | Babad Tanah Jawi #1031.
23.Babad Tanah Jawi, Balai Pustaka, 1939-41, #1024 (Jilid 23). Kisah, Cerita dan Kronikal | Babad Tanah Jawi #1032.
24.Babad Tanah Jawi, Balai Pustaka, 1939-41, #1024 (Jilid 24). Kisah, Cerita dan Kronikal | Babad Tanah Jawi #1033.
25.Babad Tanah Jawi, Balai Pustaka, 1939-41, #1024 (Jilid 25). Kisah, Cerita dan Kronikal | Babad Tanah Jawi #1034.
26.Babad Tanah Jawi, Balai Pustaka, 1939-41, #1024 (Jilid 26). Kisah, Cerita dan Kronikal | Babad Tanah Jawi #1035.
27.Babad Tanah Jawi, Balai Pustaka, 1939-41, #1024 (Jilid 27). Kisah, Cerita dan Kronikal | Babad Tanah Jawi #1036.
28.Babad Tanah Jawi, Balai Pustaka, 1939-41, #1024 (Jilid 28). Kisah, Cerita dan Kronikal | Babad Tanah Jawi #1037.
29.Babad Tanah Jawi, Balai Pustaka, 1939-41, #1024 (Jilid 29). Kisah, Cerita dan Kronikal | Babad Tanah Jawi #1038.
30.Babad Tanah Jawi, Balai Pustaka, 1939-41, #1024 (Jilid 30). Kisah, Cerita dan Kronikal | Babad Tanah Jawi #1039.
31.Babad Tanah Jawi, Balai Pustaka, 1939-41, #1024 (Jilid 31). Kisah, Cerita dan Kronikal | Babad Tanah Jawi #1040.

Regi f 0.50

Babad Tanah Jawi

Jilid: 8

Bale Pustaka - Batawi Sèntrêm

--- 8 : [1] ---

Serie No. 1289g

Babad Tanah Jawi

Jilid: 8

Nagari Mataram jamanipun Kangjêng Sultan Agung Prabu Pandhita Anyakrakusuma

Bale Pustaka - Batawi Sèntrêm - 1940

--- 8 : [2] ---

Wêwênangipun ingkang ngarang kaayoman miturut anggêr ingkang kapacak ing Sêtatsêblad 1912 No. 600

--- 8 : [3] ---

Kyai Surantani kautus nêlukakên tanah Bang Wetan

1. awêcana Surantani maring garwa | ngong uni dèn timbali | dening sri narendra | ingsun ya kang tinêdah | kesah anglurugi mangkin | maring bang wetan | kinarya senapati ||

2. wêkas ingsun yayi ayu maring sira | manawa ingsun mati | dèn atuta sira | gènira asêsanak | dèn bisa ngawula benjing | garwa katiga | samya anjrit anangis ||

3. sêsambate kang garwa angaru-ara | kadipundi kiyai | angucap mangkana | tumênggung angandika | wus wiyahe wong angabdi | pêjah gêsanga | sumôngga karsa aji ||

4. alah uwis bojo lah padha karia | sun kinèn bubar mangkin | ya ta para garwa | samya anjrit sadaya | kiyai kula tut wuri | mring palurugan | suka barênga mati ||

5. sigra dandan kyai arya abusana | nyamping lurik patani | rasukan rêrendan | bêbênting cindhe kêmbang | lancingan pinanji-panji | bêbênik êmas | dinulu amantêsi ||

6. wus angrasuk kuluk karah rinangkêpan | dhêsthar cawêni kuning | ginombyok toya mas | pêpinggire rinenda | rêspati anyothe kêris | dhuwung têtiga | cinuriga winangking ||

7. pan angrasuk pajimatan ubêt pisan | ginombyok ing mas tuli | warnane araras | ki arya sampun mangkat |

--- 8 : 4 ---

kang garwa samya anangis | supe ki arya | waspane adrês mijil ||

8. lir Hyang Asmara warnanira ki arya | èsmu mangun prihatin | alon lampahira | dhatêng ing pagêlaran | dadya tontonan samargi | sri naranata | ing Mataram wus mijil ||

9. sampun pêpak gêgaman aglar satata | ngalun-alun abaris | ambèr têkèng pasar | lêlurung kaèbêkan | dinulur lir gunung agni | kang panêngêran | kadi prawata sari ||

10. umbul-umbul apindha teja wangkawa | lêlayu abra asri | kêkôndha kumêrab | lir ulung arêratyan | bupatinya samya nangkil | samya kawêkas | dènirèng sri bupati ||

11. angandika sang nata akèn têngara | bubarêna kang baris | sigra tinêngaran | wadya samya anêmbah | sampun bubar kang kariyin | panumbakanyar | wong Sèwu anambungi ||

12. wong Panumping Adipati Martalaya | sakancane wotsari | sigra nulya bubar | kang nindhihi gêgaman | Kyai Arya Surantani | sigra anêmbah | apan sampun winêling ||

13. Pasuruan ika sira liwatana | durung môngsa ing mangkin | lah wus bubarêna | Surantani anêmbah | wus mundur nindhihi baris | para santana | kang lumaku ing wingking ||

14. sampun bubar baris Mataram agêlar | Ki Arya Surantani | dadya senapatya | têtindhihing ngayuda | datan kawarna ing margi | pan sampun prapta | jabaning lawang taji ||

15. pan wong Pajang kang jaga sampun adandan | kawarnaa [ka...]

--- 8 : 5 ---

[...warnaa] ing wingking | sira sri narendra | ngandika maring wadya | hèh Jayasupônta aglis | sira nusula | marang Ki Surantani ||

16. jênêngana pêrange wadya Mataram | kang ala lan kang bêcik | sira dèn waspada | Jayasupônta nêmbah | anulya gêgaman aglis | kacandhak Pajang | Ki Arya Surantani ||

17. sampun bubar gêgaman saking bang wetan | wong Madiun acawis | lan wong Pranaraga | samya dandan gêgaman | bupatine wus apanggih | lawan Ki Arya | Surantani kang nami ||

18. apan wong wetan sampun horêg sadaya | mirsa yèn wong Matawis | anglurug bang wetan | samana pan mèh prapta | wong wetan angati-ati | mêpak gêgaman | samya prayitnèng wèsthi ||

19. Surabaya Garêsik lawan Lamongan | sampun apasang baris | pangeran ing Japan | arya ing Wirasaba | pra dipati ing Kadhiri | Srêngat Balitar | sadaya wus acawis ||

20. ing Kalangbrèt Kartasana Kamagêtan | miwah sira Dipati | Pasuruan ika | kalawan ing Winongan | Lumajang Rênon abaris | nagara Malang | prasamya ngati-ati ||

21. kagegeran wong cilik angungsi kutha | wong kutha samya ngungsi | marang gunung samya | wayang-wuyungan ika | anêngakêna rumiyin | dyan kawuwusa | gêgaman ing Matawis ||

22. sampun prapta sakiduling Pasêdhahan | angetan lampahnèki | wadya Pasêdhahan | barisa jroning kitha | gêgaman Matawis prapti | anèng Winongan |

--- 8 : 6 ---

sêdya amondhok sami ||

23. ing Winongan sawetansawêtaning. ing Pasêdhahan | sampun atata baris | gêgaman malatar | wong cilik arêrangkah | sampun prayitna ing wèsthi | wadya atata | kawarnaa ing latri ||

24. Kyai Arya Surantani rêrêmbagan | lan sagung pra dipati | ki arya angucap | sira Ki Alap-alap | sira mintara dèn aglis | marang Lumajang | Rênon dipun lêstari ||

25. anggawaa kandhaga lante sakawan | wong Sèwu lan wong Bumi | lan wong numbakanyar | iku sira gawaa | pra dipati samya angling | ing Pasêdhahan | botên binêdhah mangkin ||

26. lah suwawi ing karsa dawêg binêdhah | wong Pasuruan tintrim | Surantani nabda | manira tan winêkas | dening sultan ing Matawis | mapan kawula | tan purun anglampahi ||

27. lah ta sampun Ki Tumênggung Alap-alap | sira mintara aglis | Lap-alanLap-alap. wus bubar | bêkta bawat sakawan | punika sami prajurit | pan tatu tatal | kinêmbulan ing jurit ||

28. tan kawarna ing marga pan sampun prapta | ing Lumajang abaris | Dipati Lumajang | minggat bangun raina | wong Mataram wus udani | sigra têngara | bubar agya nututi ||

29. ya ta bubar prasamya akêkapalan | kacandhak pinggir ngardi | anulya tinunjang | mawur kula Lumajang | dipatine ngungsi wukir | prajuritira | kang kacandhak kèh mati ||

30. wong lumayu ing wukir kasangsang-sangsang | tan mati dening kanin |

--- 8 : 7 ---

pêdhot napasira | warnanên wong Mataram | prasamya anjêjarahi | bêdhol boyongan | kathah angsalirèki ||

31. nagari Rênon pan sampun jinarahan | miwah kang kêbo sapi | sampun binajagan | Tumênggung Alap-alap | wus ambubarakên baris | maring Winongan | tan kawarna wus prapti ||

32. wus malêbêt Alap-alap ing Winongan | matur ing Surantani | nagari Lumajang | inggih pan sampun bêdhah | wong wadone dèn boyongi | rajakayanya | sampun jinarah ênting ||

33. lah ing mangke Pasêdhahan ta punika | lah wasisan ing kardi | suwawi ginêcak | bupatine wun kesah | kang nama Dipati Pêkik | mung Kapulungan | punika têngga kori ||

34. anauri Kyai Surantani ika | ingsun datan winêling | dening kangjêng sultan | mung nagara ing Malang | ingkang kinon anglampahi | lan ing Lumajang | nêdha mangke puniki ||

35. bubarêna gêgaman marang ing Malang | ingsun bubar tumuli | anulya têngara | gêgaman sigra budhal | datan kawarna ing margi | prapta sadaya | ing Pamalang abaris ||

36. wus kinêpung wau nagari ing Malang | dening wadya Matawis | amung ingkang wetan | sinungan lêlompongan | wong Malang kêbat jro biting | bupatinira | Ki Tohjiwa kang nami ||

37. arsa bangkat wong Mataram tan kaangkat | arsa minggat ing wêngi | sampun padandanan | sarêng bangun raina | anulya lolos kang baris |

--- 8 : 8 ---

Rôngga Tohjiwa | ing Rênon kang dèn ungsi ||

38. kawênangan dening wadya ing Mataram | anulya dèn tututi | dening wong Matataram |Lebih satu suku kata: dening wong Mataram. kathah asêsandêran | kathah prajurit Matawis | sigra kacandhak | ing Songsong wastanèki ||

39. pan wong Malang tan anêdya ngandhêgana | kalangkung dènnya ajrih | lumayu akêbat | datan atolih rayat | kang kacandhak dèn tumbaki | Rôngga Tohjiwa | palayune anggêndring ||

40. pan wong Malang sadaya wus binoyongan | agêng alit pan ênting | binoyong somahnya | tangis umyung gumêrah | wus katur ing Surantani | sakèh tawanan | miwah kang kêbo sapi ||

41. Kyai Surantani angatag têngara | bubarêna kang baris | sakèhing boyongan | lampahêna ing ngarsa | wus bubarêna kang baris | ngidul angulyan | ing Lawor dèn dalani ||

42. sampun prapta gêgaman mondhok ing Kêndhat | enjing bubar lumaris | sakèh wong Mataram | ngiringakên boyongan | anulya amondhok malih | ing Tambakbaya | sawetan ing Kadhiri ||

43. ênêngêna lampahe wadya Mataram | nênggih ingkang winarni | wong agung bang wetan | samya aparêmbagan | samya arsa anututi | mring wong Mataram | Dipati Surabanggi ||

44. wus utusan maring nagara ing Sampang | Lamongan lan Garêsik | Sidayu lan Tuban | Lasêm sampun lumampah | Pasêdhahan sampun prapti | lawan [lawa...]

--- 8 : 9 ---

[...n] ing Japan | sakèh para prajurit ||

45. ing Madura aran Arya Pulangjiwa | ingkang dadi têtindhih | atêguh arosa | abagus warnanira | ing bang wetan tanpa tandhing | wani mungsuh prang | lan wadya ing Matawis ||

46. Pasuruan Ki Tumênggung Kapulungan | ingkang nindhihi baris | lan Rôngga Lêlana | gêgaman Surabaya | nênggih Dipati Pasagi | ingkang lumampah | ingkang nindhihi baris ||

47. wadya Tuban Kyai Patijasupônta | ing Sidayu anami | Ki Martanagara | Dipati Surabaya | Lamongan lawan Garêsik | bupatinira | ingkang nindhihi baris ||

48. wastanira nênggih Ki Rôngga Pramana | ing kakang anindaki | dipati ing Japan | kang dadi senapatya | wus sami bubar kang baris | amêmêlagar | wana dipun basmèni ||

49. wong Kadhiri tan mêdal saking ing kitha | dening sampun karampit | angêbêki kitha | pan samya amalatar | anjagani wong Matawis | ya ta kocapa | wau wadya Matawis ||

50. hèh wong batur lah têtunon ika apa | lor wetan saking riki | sigra kajinêman | angaturi uninga | maring Arya Surantani | lamun wong wetan | punika anututi ||

51. têtindhihe nênggih pangeran ing Japan | andêl-andêling jurit | Arya Pulangjiwa | nagarane ing Sampang | lawan Adipati Gêndhing | ing Surabaya | ingkang dadi têtindhih ||

52. Pasuruan Ki Tumênggung Kapulungan | lan Rôngga Lêlanèki | Ki Rôngga Pramana | nênggih

--- 8 : 10 ---

ing Surabaya | Tuban Sidayu Garêsik | Lasêm Lamongan | punika anututi ||

53. Kyai Arya Surantani angandika | mring Alap-alap nênggih | kalamun mangkana | sakèhe baboyongan | padha lakokêna dhimin | sira anulya | utusana dèn aglis ||

54. mring sakèhe para santana Mataram | Lap-alap nulya aglis | ngaturi uninga | mring sakèhing santana | nulya Arya Surantani | têngara bubar | obah wadya Matawis ||

55. gêgamane prasamya bali sadaya | marêp mangetan malih | pan sampun atata | anuli sigra mara | abaris wetaning kali | Pangeran Pajang | dadi pangawat kering ||

56. Dipati Martalaya Mandurarêja | Upasônta prajurit | pan sakancanira | wong Panumping sadaya | dadi pangawat ing kering | para santana | têngên dèn pangawati ||

57. sampun prapta gêgaman wetan sadaya | baris wetaning kali | pan arsa angrêbat | wong Malang wong Lumajang | kang binoyong wong Matawis | sampun atata | tan wani anabrangi ||

58. wong bang wetan anguwuh sami sêsumbar | lah payo wong Matawis | sira anabranga | yèn sira tuhu lanang | sayêkti dudu prajurit | yèn tan nabranga | wong Matawis mirsèki ||

59. Angabèi Katawêngan panasbaran | matur ing Surantani | punapa wêkasnya | yèn awèta mangkana | dening ta mêmanas ati | lah kyai nêdha | anabrang dhatêng kali ||

--- 8 : 11 ---

60. Kyai Arya Surantani angandika | lah anêdha dèn aglis | padha undhangana | sakèhe wong Mataram | padha ngurugana kali | lawan jêjurang | anulya dèn urugi ||

61. atêngara kyai arya arsa mangkat | arsa nabrang bênawi | sakèhe wong wetan | prajurite uninga | wong Mataram anabrangi | pan sarêng mara | sampun prapta ing kali ||

62. wong Mataram pangarêpe sampun prapta | têpi wetaning kali | anulya pinapag | cinocog ganjur atap | kinarutug lawan bêdhil | tan olih papan | barise wong Matawis ||

63. karepotan kasêlak ajro kang toya | kali Andaka banjir | wong Matram kèh pêjah | kasilêp anèng toya | Kyai Arya Surantani | lan Katawêngan | myang Panji Wirabumi ||

64. paningale wadyabala kasayahan | sigra anggêbyur kali | saha balanira | Tumênggung Jagabaya | wus prapta wontên ing pinggir | pan katadhahan | kinarutug ing bêdhil ||

65. pan sinosog prajurite wong Mataram | tinalorong ing lêmbing | tur binangkolangan | saligi kadi udan | gumarudug ingkang bêdhil | suraknya gumrah | lir karêngèng ing langit ||

66. lindhu awor wong Mataram akèh pêjah | karepotan ing warih | nanging wong Mataram | nora saya mundura | sangsaya angungkih jurit | arêbat papan | wong wetan tan gumingsir ||

67. wong Mataram sinosog ing ganjur atap |

--- 8 : 12 ---

kasalêg dening warih | akathah kang pêjah | prajurit kèh kabranan | asuwe ukih-ingukih | lan wong Mataram | akèh mati ing warih ||

68. kali Andaka wetan kala sêmana | toyanya mili gêtih | gêtihing kabranan | lawan gêtihing kuda | Kyai Arya Surantani | sampun palastra | anèng sajroning kali ||

69. sakathahe wong Mataram kang santana | prasamya ambêdhili | saking ing pinggiran | liwat pangawat kiwa | wong wetan mundur kang baris | prajuritira | lumampah anèng wingking ||

70. Kyai Arya Pulangjiwa ing Madura | undure dèn payungi | payungipun seta | sarwi sira angucap | babrêngose dipun puntir | ora sapira | prajurit ing Matawis ||

71. nora nôngga ing yudane Pulangjiwa | têdhak jaran Panolih | sakèh wong bang wetan | prasamya pinayungan | samarga atutur jurit | prapta pondhoknya | sampun sinaput wêngi ||

72. jisimira kyai arya ginogohan | dening wadya Matawis | kulawarganira | apan tumpês sadaya | mayite susun atindhih | suwe ngulatan | jisime tan kapanggih ||

73. sakathahe kunarpa pan winalikan | ya ta nuli kapanggih | layone ki arya | pan sampun binandhosa | kocap santana Matawis | arêrêmbagan | sakèh para dipati ||

74. Panêmbahan Purubaya angandika | mring sakèhing bupati | nêdha rêbut papan | asabranganabrang. ing bangawan | amondhok wetaning [we...]

--- 8 : 13 ---

[...taning] kali | ing palabuhan | arsa angantêp jurit ||

75. adipati ing Pugêr asru lingira | lah kakang Prubayèki | de kang lêlampahan | taliti ing Mataram | amilih papaning jurit | têngahing rana | kaya dudu wong bêcik ||

76. saya gêdhe atine prajurit wetan | kabèh para dipati | Mataram sadaya | rêmbag kadya mangkana | Panêmbahan ngandikaris | kang ingsun arah | sanggupira pribadi ||

77. wus arêmbag sakèhe para dipatya | enjang amêpak baris | sigra atêngara | gêgaman wus atata | prajurite wus miranti | sampun anabrang | prapta wetaning kali ||

78. wong bang wetan sampun atata gêgaman | sadaya aningali | gêgaman Mataram | yèn wus nabrang mangetan | anulya campuh kang jurit | têmpuh ing yuda | anglir rêbah kang wukir ||

79. sakathahe para santana Mataram | miwah para prajurit | prasamya adandan | arsa angamuk samya | sarêng anunjang ing baris | para prawira | sampun nêngah ing jurit ||

80. sing katrajang wong wetan akathah pêjah | mayit tumpang atindhih | lêbur wong bang wetan | dèn amuk wong Mataram | kadi ombaking jaladri | swaraning yuda | pangadhuhing akanin ||

81. pangamuke lir banthèng atawan brana | lir yêksa non mangsèki | anumbak anigas | anuduk jênggit mêdhang | para santana Matawis | kagila-gila | prasamya wêdhak gêtih ||

82. wong bang

--- 8 : 14 ---

wetan prasamya tumpês sadaya | sakèh para dipati | arsa ngantêp yuda | nanging datan kawawa | prajurite sirna ênting | samya anglela | sakathahing bupati ||

83. Arya Pulangjiwa prajurit ing Sampang | Ki Jalaga Jakarti | wong saking Madura | asuwita ing Japan | ing mangke sampun akait | lan Pulangjiwa | sami prakosèng jurit ||

84. yèn katiban mimis sajêruk samaja | kadi dipun cêcêki | Arya Pulangjiwa | maksih amalang kadhak | anèng rana tan gumingsir | kinandhang-kandhang | dening wong magêrsari ||

85. adipati ing Pajang ika tumingal | Pulangjiwa sêsirig | anulya tumêdhak | Dipati Tambakbaya | sanjatanira cinangking | mimis kancana | sigra amarêpêki ||

86. dyan sinipat Pulangjiwa kabênêran | talapukane nginggil | molèr matanira | Pulangjiwa anjola | ginarayang matanèki | molèr adawa | asru dènira angling ||

87. hèh bocah lamun ingsun iki uripa | kayapa mata mami | apa ora cacad | bature latah-latah | kalangkung cacad kiyai | mata sampeyan | molèr tumêkèng pipi ||

88. Pulangjiwa asru dènira angucap | ingsun palaur mati | mataku cacada | hèh gamêl marenea | singsêtana jaran mami | lah dèn akêbat | sigra wus dèn singsêti ||

89. anyamêthi kuda Arya Pulangjiwa | ngêmbat lawung kumitir | payo kêmbulana | sun Arya Pulangjiwa | têdhaking jaran Panolih |

--- 8 : 15 ---

têka ing Sampang | rêbutên ing ajurit ||

90. sarêng mara balane Ki Pulangjiwa | Ki Jalaga Jakarti | parêng anarajang | bupatine kang wetan | akarsa angantêp jurit | Pangeran Japan | têngaranya anitir ||

91. ing panêmpuhira prajurit bang wetan | wong Mataram nadhahi | samya purunira | têmpuh kang punang yuda | acampuh sami prajurit | suraking bala | lir udan sinêmèni ||

92. wong bang wetan singa mara têtumpêsan | kang mundur nandhang kanin | Arya Pulangjiwa | sampun kèsisan bala | pangamuke ngowak-awik | tiyang têtiga | Ki Jalaga Jakarti ||

93. pan sinosog ing ganjur de wong Mataram | angamuk dèn gitiki | Jakarti Jalaga | kalih wus kapalajar | Arya Pulangjiwa kari | kinêpang-kêpang | ginitikan ing bêdhil ||

94. pira kuwate Ki Arya Pulangjiwa | abêbalunga wêsi | sungsuma gêgala | kinarubut ngakathah | kuwat apa wong sawiji | Ki Pulangjiwa | pan sampun angêmasi ||

95. wus katigas janggane Ki Pulangjiwa | wong wetan kabèh unir | anulya lumajar | bupatine sadaya | wong Mataram anututi | akèh kacandhak | wus samya dèn tigasi ||

96. Ki Tumênggung Kapulungan Pasêdhahan | palayune anggêndring | wus atinggal kuda | waosipun binuwang | rasukanira winalik | kadhungsang-dhungsang | tiba jongor kapesing ||

97. ki dipati ing Gêndhing ing Surabaya | sampun malik kulambi |

--- 8 : 16 ---

kudane katilar | waos sampun binuwang | lumayya sarwi anangis | nora kayaa | lêlakon apa iki ||

98. sok pêranga kaburu nora atata | dhuh bojo rencang mati | nusup ing galagah | sarwi akadhungsangan | ambêkane kêmpis-kêmpis | pasambatira | tan pêgat andharidhit ||

99. Pangeran Japan lumayu bêboncengan | rinasa ngrêrubêdi | mudhun saking kuda | nusup ngalang-alangan | dipun sondhol ing parêcil | kagèt aniba | dhuh biyang apa iki ||

100. sirna gêmpang prajurite akèh pêjah | siji tan ana kari | wus lêbur sadaya | pan sampun kinêthokan | wong Mataram jêjarahi | myang abêbandhang | tumbak bêdhil myang kêris ||

101. enjingane pangeran ing Purubaya | nulya têngara aglis | têngarane bubar | mantuk dhatêng Mataram | wus bêdhol sakèhing baris | prajuritira | samya lumayèng wingking ||

102. sira Dêmang Jasupônta gêgancangan | mantuk dhatêng Matawis | rumiyin lampahnya | ika kinarya tingal | dening prabu ing Matawis | ing karsaneka | Jasupônta tur paksi ||

103. Kangjêng Sultan Mataram dawêg sineba | Ki Jasupônta prapti | lajêng awotsêkar | dhatêng Sultan Mataram | kawula atur upaksi | dhatêng jêng sultan | pun Surantani mati ||

104. pun Ngabèi Katawêngan sampun pêjah | myang Panji Wirabumi | punika kabranan | Tumênggung Jagabaya | punika sami akanin | bala [ba...]

--- 8 : 17 ---

[...la] Mataram | kathah pêjah ing kali ||

105. wong bang wetan têlas pêjah sampun bêdhah | pun Pulangjiwa mati | prajurite têlas | pan uwa jêng paduka | lawan santana narpati | kang magut yuda | mila lanang kang jurit ||

106. sampun bubar wadyabala ing Mataram | wingi wontên ing margi | têlas aturira | pun Dêmang Jasupônta | gêgêtun sri narapati | babade buta | dahana margèng bumi ||Sengkalan: buta dahana margèng bumi (1535 A.J.).

107. angandika sang nata lah poyanana | rabine Surantani | wong gandhèk saksana | sigra nulya lumampah | praptèng wisma Surantani | wus pinoyanan | graha brôngta anangis ||

55. Asmaradana

1. garwane Ki Surantani | têtiga sarêng karuna | amlas-asih sêsambate | dhuh kiyai gustiningwang | basane sih ing garwa | ing mangke tilar maringsun | sarya ngrangkul putranira ||

2. garwa katiga anangis | ingkang putra pan binakta | mapag bandhosa praptane | sadalan umyung karuna | sêsambate mlas-arsa | garwa dènira amuwun | lumampah abêbondhètan ||

3. sakèhing kang aningali | samya kapiluyu ngucap | dening putra panangise | liwat dening dudut manah | putranyalit karuna | sing wong kang samya andulu | tan wruh yèn mijil kang waspa ||

4. dupi bandhosa pinanggih | saya kapatya karuna | garwane ki arya kabèh | samya nangis gêgulungan | sêsambate alara | kawula tan bisa kantun | amomong ing putrandika ||

--- 8 : 18 ---

5. sagêt punapa pawèstri | ing nguni ing putrandika | kaniaya gustiningong | nênggih ta dika tulusa | angabdèkkên kawula | sun têtêdha gustiningsun | kapanggiha donyakerat ||

6. mangkana ingkang winarni | gêgaman agêng wus prapta | bupati wus sowan kabèh | prapta ngarsane sang nata | sadaya awotsêkar | sakathah pra mantri wau | wus atur bêkti sadaya ||

7. Pangran Purubaya nênggih | ngaturkên sapolahira | inggih atur kawulanggèr | pun uwa ngaturkên tiwas | abdi dalêm kèh pêjah | Surantani pêjahipun | punika tiwas kawula ||

8. punapa karsa sang aji | sultan aris angandika | lah punapa winiraos | uwa wus karsaning Allah | sok kang kantun pênêda | sultan anggêganjar sampun | mring sakèh mantri Mataram ||

9. miwah sakèhing bupati | lir na mring para santana | sampun waradin sakèhe | sigra jêngkar sri narendra | dènira siniwaka | sampun manjing ing kadhatun | wus bubar kang asewaka ||

10. samya pinêthuk ing rabi | kang saking ing palurugan | sakathahe wong wadone | ana suka ana duka | sampun ing lama-lama | antara satêngah taun | mangkana sri naranata ||

50. Nata ing Mataram tindak badhe nêlukakên Wirasaba

11. anuju ing dina Kêmis | sang nata miyos sineba | pêpak para dipatine | para santana nèng ngarsa | Jêng Pangran Purubaya |

--- 8 : 19 ---

myang kang rayi-rayinipun | Martalaya anèng ngarsa ||

12. jêng sultan sigrangling aris | hèh sakèhe wong Mataram | mantri acawisa kabèh | sakapraboning ayuda | ngong arsa nindakana | maring Wirasaba iku | Adipati Martalaya ||

13. umatur saha wotsari | dhumatêng ing kangjêng sultan | sapa sintên kang tinudoh | sultan ingkang tumindaka | dhatêng ing Wintên sowan | angandika sang aprabu | Martalaya ingsun dhawak ||

14. ingkang arsa anindaki | apa ta rupane uga | Martalaya sru ature | dhuh gusti ulun jêng sultan | sampun ngawaki tuwan | sampun adhèng lampahipun | sakèh pra santana tuwan ||

15. Pangran Purbaya tur aris | dhumatêng sri naranata | kêni tan kênia anggèr | sampun tumindak priyôngga | apan para bupatya | sadaya pan maksih purun | gya Dipati Martalaya ||

16. aturipun wanti-wanti | ulun piyambak lumampah | jêng sultan ngandika alon | iya padha ngong tarima | sih marmane maringwang | anging ingsun arsa wêruh | sapratingkahing ayuda ||

17. kayapa tingkahe ugi | ing wong mangun yuda ika | alah undhangana kabèh | sakèhe para bupatya | iya ingsun akarsa | nglurugi Wirasabèku | agya padha adandana ||

18. sakathahe para mantri | miwah kang para santana | samya sandika ature | anulya jêngkar sang nata | malêbèng dalêm pura | ingiring wong dalêm agung | sêlir kalawan badhaya ||

19. warnanên [warna...]

--- 8 : 20 ---

[...nên] ing pôncaniti | sagunging para dipatya | samya rêrêmbugan age | Martalaya gya putusan | mring sakèhing nagara | samya kinèn cawis sampun | yèn sultan arsa tumindak ||

20. mring Wirasaba ing mangkin | ing Pathi wus sinung wikan | ing Dêmak Kalinyamate | Pajang myang ing Jagaraga | sakathahing nagara | wus padha adandan gupuh | Madiun lan Panaraga ||

21. sadaya pan samya cawis | sampun tumêkèng sadaya | nagri lèr wus prapta kabèh | miwah nagri ing Mataram | sêmana wus pêpakan | Kêdhu Bagêlèn wus rawuh | pêpakan anèng Mataram ||

22. miwah bupatinya sami | wus ngrasuk kaprajuritan | wus malatar gêgamane | ing alun-alun Mataram | sêsêg jêjêl nèng pasar | baris kêbak nèng margagung | gêgaman awarna-warna ||

23. umbul-umbule tulyasri | kêkôndha lêlayu amyang | lir gunung gêni yèn tinon | puswus. pêpak para dipatya | munggèng ing pagêlaran | Pangran Purubaya wau | ari Dyan Wiramênggala ||

24. lawan sira Adipati | Pringgalaya jajarira | Têpasana lagya rawoh | lawan Pangeran Juminah | Dipati Pugêr prapta | Dêmang Tanpanangkil iku | apan sampun sami prapta ||

25. Pangeran Martapurèki | lan Dipati Sokawatya | lan Pangeran Mêmênange | Pangeran Balitar prapta | Pangeran Singasêkar | Martasana sampun rawuh | lawan Prawirataruna ||

26. Dipati Mandura prapti | akalihan lan Dipatya | Upasônta kêkasihe |

--- 8 : 21 ---

Adipati Martalaya | Dipati Pajang prapta | Jagaraga Magêtan wus | miwah ing Santênan prapta ||

27. wus samya jêjêl alinggih | lawan dipati ing Dêmak | ing Kudus lan Sêmawise | Kaliwungu Kêndhal Batang | miwah ing Pakalongan | akathah lamun minuwus | para bupati sadaya ||

28. saksana jêng sultan mijil | binuka sri makuthanya | asumping mas rinukmine | rasukan baludru endah | pamêkak cindhe kêmbang | anyamping samboja luhung | dhasar ijo rinêngga mas ||

29. alancingan kêstop adi | tinatrap ing renda jênar | abra sinang ujwalane | wus miyos ing pagêlaran | magêrsari akapang | tan kaliru prênahipun | kaparak têngên lan kiwa ||

30. wong gêdhong mungguh ing wingking | wong anggandhèk anèng ngarsa | mantri nom martalulute | katanggung lawan kanoman | jagabaya ajajar | sangkraknyana kiwanipun | wirabraja brajanala ||

31. jagasura dorapati | kartiyasa wisamarta | wong nyutra saragênine | panandhon nèng wurinira | wus pinarêk sang nata | munggèng ing witana wau | angandika sri narendra ||

32. hèh Martalaya dèn aglis | iya padha bubarêna | kang gêgaman iki kabèh | sigra tinangaran bubar | kang wong môncanagara | masisire datan kantun | gêgaman munggèng ing ngarsa ||

33. dinulu lir gunung sari | wong Bumi nambungi lampah | atêpung lawan Sèwune | anulya wadyèng Mataram | kang sumambung ing lampah | tumulyaglis bubaripun |

--- 8 : 22 ---

Adipati Martalaya ||

34. gêgaman wadyèng Matawis | yyan tinon saking mandrawa | lir kapuk tinub ngangine | mabul-mabul tanpa arah | wusananing gêgaman | apindha ringgit salaku | pêtêng malêtuk ing tawang ||

35. umangkat sri narapati | lampahnya munggèng ing wuntat | rêspati nitih limane | saha rasuk inêmasan | ujwala abra sinang | akapang wong magêrsantun | towok tulup tamèng pêdhang ||

36. priyantaka saragêni | lampahe munggèng ing ngarsa | umyang kang waos sulame | para santana ing wuntat | gêgamane lir pendah | robing hèrnawa dinulu | lampahnya lir guntur arga ||

37. datan kawarna ing margi | ing Madiun sampun prapta | wong Pranaraga lampahe | sampun nunggil barisira | sigêgên tan winarna | wong bang wetan kang winuwus | prasamya obah sadaya ||

38. samana wus atur paksi | pangeran ing Wirasaba | mring Pangran Surabayane | anulya sakèh nagara | prasamya ingutusan | ing Tuban lawan Sidayu | ing Garêsik lan Lamongan ||

39. Madura lan Arisbanggi | ing Sumênêp sampun prapta | Balega Pakacangane | Pasuruan kinongkonan | apan kabèh punika | pan samya urunan sampun | Dipati Tuban wus bubar ||

40. apan nindaki pribadi | sampun anumpak ing palwa | ingkang saparo balane | adharat ing lampahira | wus prapta Surabaya | ênêngakêna karuhun | ucapên [ucapê...]

--- 8 : 23 ---

[...n] rajèng Mataram ||

41. sadaya pan sampun prapti | nagara ing Wirasaba | kilèn kitha pamondhoke | ing Rajadadi wastanya | ngêbêki ara-ara | rata kang lêbak gêgunung | tambah gêgaman gêng ika ||

42. wus tata pamondhokaning | mangkana ênêngakêna | kang ambantu winiraos | dhatêng nagri Wirasaba | wong Japan Pasuruan | lan wong ing Kadhiri wau | sadaya wus asiyaga ||

43. nanging ta kang dipun anti | dipati ing Surabaya | punika kang dèrèng rawoh | nanging samôngsa mêtua | Dipati Surabaya | dipati bang wetan iku | pan sampun mêtu sadaya ||

44. Dipati Surabayèki | arsa tulung ing ayuda | ataha ing pangajape | iya Adipati Tuban | Dipati Surabaya | dadya datan purun tulung | ewuh tyas Dipati Tuban ||

45. datan purun kinèn mulih | amondhok anèng ing pasar | abaris sagêgamane | Adipati Surabaya | apan dahat kewuhan | arsa tumindaka iku | tan eca tilar nagara ||

46. dene ing mangke wong Tubin | anèng nagri Surabaya | dadya tan tulung ing mangke | dipati ing Surabaya | dhatêng ing Wirasaba | dadya dhêp-adhêpan iku | gêgaman ing Surabaya ||

47. kalawan gêgaman Tubin | milanipun wong bang wetan | nora tandang gêgamane | dhumatêng ing Wirasaba | kocapa Wirasaba | kang madêg bupati iku | anama pangeran arya ||

48. apan ta dèrèng akrami | ayuswa

--- 8 : 24 ---

sadasa warsa | nênggih apêkik warnane | pan agêng riyalatira | ing ngèlmi wus utama | apan ta pêpatihipun | awasta Rôngga Pramana ||

49. ina lêlampahanèki | lumpuh kalangkung sêktinya | bang wetan lami tapane | têguhe kaliwat-liwat | yèn ngidêri barisnya | Rôngga Pramana tinandhu | samana wong ing Madura ||

50. gêgamane wus amanjing | wingi dalu lêbêtira | jro kutha Wirasabane | dipati ing Surabaya | apan abantu aprang | Rônggalawe kang lumaku | wong Sèwu angiring sira ||

51. nanging lampahe adhêmit | wong Tuban kang ana wikan | prapta ing Wirasabane | têngah dalu lêbêtira | manjingira jro kitha | apan tan ana kang wêruh | apindha pêksi sarkara ||

56. Dhandhanggula

1. datatita lingira ing nguni | kang kocapa Jêng Sultan Mataram | nimbali para mantrine | myang pra santananipun | sakathahe wus praptèng ngarsi | sang prabu angandika | mring bupatinipun | hèh ta kakang Martalaya | myang sakèh pra santananingsun Matawis | ingsun angrasa tiwas ||

2. apan sampun alawas ing mangkin | ênggèningsun anèng Wirasaba | wong cili bangêt rusake | padha pating karuruh | iku saking kêna gêgêring | ing mangke karsaningwang | sun unduri iku | datan sida ingsun bêdhah | sarwa mèsêm andikanira sang aji | Martalaya tur sêmbah ||

3. sangêt panuwun kawula gusti | yèn Wirasaba ingundurana | ing jurit ingsun samangke | pan wadya

--- 8 : 25 ---

dalêm wutuh | dèrèng wontên ingkang abusik | para mantri sadaya | samya saur-manuk | kalamun ingundurana | dahat eman sih dalêm mring ingkang abdi | kalamun Wirasaba ||

4. yèn tan bêdhah salampah puniki | datan pantês kang abdi punika | anglinggihana lampite | Pangeran Purbayèku | ngandika mring Martalayèki | Ki Martalaya ayya | kakehan calathu | alah payo tinandangan | sigra matur ing ngarsa sakèh bupati | sampun nata gêgaman ||

5. ing Wirasaba kinêpung aglis | Martalaya baris kilèn kitha | sarta lawan sabalane | lan Dipati Pathiku | wong Panumping kabèh tan kari | saha sanjatanira | sadaya nèng riku | dening Pangran Purubaya | lèring kitha wau ingkang dèn tuguri | saha sanjatanira ||

6. Dipati Pringgalaya anênggih | Dipati Têpasana kalawan | Adipati Juminahe | Dipati Pugêr tumut | lawan Dêmang Datanpanangkil | sakyèh para santana | anunggil gènipun | kang wetan para wadana | numbakanyar wong Sèwu kalawan Bumi | Pajang lan Jagaraga ||

7. samya ngêpang pra dêmang pan sami | anèng wetan miwah kang gêgaman | dalêm maksih nèng ênggène | tan ebah sang aprabu | apan maksih nèng Paladadi | dening wong Wirasaba | amalatar sampun | sagêgaman magut aprang | bedhor busur kolêm brangkolang myang lêmbing | saligi myang garanggang ||

8. gêgutuk watu ganjur mayungi | anèng pungkur

--- 8 : 26 ---

wau Kyai Rôngga | Pramana lumpuh tandange | nèng ing latar tinandhu | sarya sira ngidêri baris | sigra wadya Mataram | saksana tinêmpuh | kutha adi Wirasaba | wong Mataram sarêng pêrak dèn sipati | marang wong Wirasaba ||

9. wong Mataram dahat dènnya ngukih | nêmpuh kutha nanging tan kawawa | saking kandêle kuthane | lawan malih aluhur | dadya lesan wadya Matawis | sing luhur binêdhilan | mimis kadi jawuh | myang linêmbing binrangkolang | bedhor busur gêlanggang lawan suligi | surak ambal-ambalan ||

10. sigra wong Mataram mundur sami | undurira akathah kabranan | nulya kasaput wêngine | sadaya sampun mundur | sakathahe kang punang baris | Martalaya gya seba | lan sakathahipun | para santana Mataram | samya seba wus prapta ngarsa narpati | jêng sultan angandika ||

11. sarya mèsêm sultan dènirangling | kayaparan mêngko karsanira | sanak-sanak ingsun kabèh | dening wadya Matarum | akèh pêjah dening ajurit | yèn rêmbug ingsun uga | sun unduri iku | ujêr ingsun iki iya | nyênyêbêli tan ana lêksana mami | Wirasaba tan bêdhah ||

12. Martalaya sangêt turirèki | kantuna ulun lan wêwayangan | tan ulun unduri anggèr | Dipati Pathi matur | lamun tuwan ngundurna jurit | wirang ulun tumingal | ing sami tumuwuh | Adipati Purubaya | aris matur anggèr sangêt atur mami | paduka antosêna ||

--- 8 : 27 ---

13. apan wontên daya ulun malih | sultan mèsêm dènnya angandika | wicara yèn ana manèh | daya inganti kantun | yêkti ingsun antosi ugi | ing kalih dalu ika | sigra bubar sampun | saking ngarsane jêng sultan | pra dipati anamur karsanirèki | Dipati Martalaya ||

14. lampahira awor lan pangarit | pakathik wetan padha pocapan | lawan sarowange dhewe | prajurit ing Matarum | cabar têmên ingong wastani | ênggènira ambêdhah | kutha datan rêmuk | iki mungguh yèn akua | pan tinotol ing galugu kutha iki | sajêbrolan tur bêdhah ||

15. wênèh ana anambungi angling | mungguh manira ta iki boya | sinasak ing nginggil bae | dadia marga ngamuk | lamun ora mangkono ugi | ingsun gangsir kewala | ngandhap kutha iku | Adipati Martalaya | amiyarsa suka tyasira kapati | nulya mundur dhang-undhang ||

16. mring sakèh pra bupati Matawis | samya kinèn mèt galugu agya | wênèh akarya sasake | lan gawa linggis pacul | wênèh ôndha binêkta sami | wus cêcawis sadaya | sadandananipun | enjang anêmbang têngara | sigra amangkat gêgaman kanan kering | gumuruh ingkang surak ||

17. wus angrampit kitha wong Matawis | wong Wirasaba sampun prayitna | ing kewuh jinaga kabèh | sigra bêdhil munya sru | kalantaka pan sarêng muni | surak swara lir gêrah | myang lir gunung rubuh | swaraning kang

--- 8 : 28 ---

bêdhil munya | wong Mataram wus prapta sasakirèki | tinumpangkên ing kutha ||

18. sigra kutha ingunggahan aglis | campuh luhur ing biting gènnya prang | bêdhil wus pêjah unine | miwah kang tumbak ganjur | wus tan kêna mangsaha malih | lintang ramening yuda | pan suduk-sinuduk | sawênèh barêng aniba | wong Mataram wus liwung pangamuknèki | singa tinêmpuh bubar ||

19. pangamuke wadya ing Matawis | apindha banthèng atawan brana | kang sampun gangsir kuthane | gya wus samya lumêbu | ramening kang kêris-kinêris | mati ngarsa ing wuntat | agya majunipun | miwah kang munggèng ing ôndha | praptèng luhur rame prang kêris-kinêris | dadya kakehan lawan ||

20. wong Wirasaba prange kalindhih | sigra Adipati Martalaya | myang Dipati Pathi age | angrangsang biting sampun | kang prajurit wus samya manjing | myang pra santana prapta | ing jro sarêng ngamuk | ing jro kitha apuyêngan | Rôngga Pramana apan sampun ngêmasi | tinigas murdanira ||

21. sirna gêmpang prajuritirèki | Wirasaba tan kantun satunggal | tumpês anèng jro kithanè | apan sampun tinubruk | Adipati Wirasabèki | binêsta cindhe kêmbang | wong dalême umyung | tangise ring gustinira | rajabrana sadaya wus dèn jarahi | wadone binoyongan ||

22. wadya Mataram wus mundur sami | sadaya sowan ing kangjêng sultan | ngaturakên babêktane | prapta ngarsa sang prabu | kangjêng sultan wus munggèng

--- 8 : 29 ---

kathil | sineba wadyanira | Martalaya ngayun | umatur ing kangjêng sultan | punika katura pun Wirasabèki | sumôngga karsa nata ||

23. sri narendra angandika aris | hèh ta iya kita Wirasaba | apa karêpira mangke | apa kapilih lampus | apa kita angur aurip | Wirasaba turira | apa asmarangu | tan darbe pamilih ingwang | apan lêwih iya ing sakarsanèki | pan wus wiyahe uga ||

24. ing wong kalah pêrang têmah pati | angur ingsun iki patènana | ayya wèta wawirange | lamun uripa ingsun | datan sotah ingsun ningali | ing sapadha tumitah | sultan ris amuwus | ingsun pan ora akarsa | matènana iya maring ing sirèki | pan sira ingsun gawa ||

25. ingsun gawa mulih mring Matawis | apan sira ingsun akên suta- | ningsun pambayun yêktine | abêngis aturipun | Wirasaba dhatêng sang aji | lah apa gaweningwang | ingong sira aku | suta kang datanpa karya | yèn culêna ingsun iki maksih urip | yêkti malês mring sira ||

26. apan ingsun iki satru wani | maring sira yèn ingsun gêsanga | sayêktine nora wande | sun malês ing sirèku | kangjêng sultan ngandika aris | lah apa yèn mangkana | tan ana ing ingsun | lamun sira parikêdah | pinêjahan môngsa wandea sirèki | besuk kalakon pêjah ||

27. Martalaya ngaturakên jisim | jisimira Ki Rôngga Pramana | miwah lawan mastakane | wus katur

--- 8 : 30 ---

ing sang prabu | angandika sri narapati | lah ta sira pêndhêma | mastakane iku | iya Si Rôngga Pramana | sarta lan jisime iku aja kari | iya pêndhêmên pisan ||

28. lan dokokana iku kêkitir | munia yèn Si Rôngga Pramana | iya iku dêdimone | dèn bêcikana besuk | maring sanak-sanakirèki | lah kakang têngaraa | Martalaya gupuh | sigra anulya têngara | bubar mantuk boyongane ayya kari | rumiyin lampahira ||

29. lawan maninge Si Adipati | Wirasaba iku angkatêna | padha nungganga tandhune | sigra nulya tinabuh | kang têngara tinitir-titir | bêndhe munya angangkang | tan antara wau | kangjêng sultan sigra bubar | pan atata lampahe kang punang baris | lampahe wong Mataram ||

30. prajurite samya ngati-ati | munggèng wingking wau lampahira | têbih lan nata lampahe | wus jinagan ing ênu | kanan kering dening prajurit | marma têbih lan nata | kang jinagèng laku | bok cidrane mungsuhira | marmitane prasamya angati-ati | tan kawarna ing marga ||

31. kang kocapa wong ing Japan mangkin | mêdal saking kithane punika | mring Surabaya lampahe | apan ta sêdyanipun | arsa nundhung dhatêng wong Tubin | kang anèng jroning kitha | Surabaya iku | apan dipati ing Tuban | wus uninga yèn Japan kang nundhung mangkin | saking ing Surabaya ||

32. Dipati Tuban mêdal tumuli |

--- 8 : 31 ---

saking jro kitha ing Surabaya | mantuk mring Tubin karsane | sigra numpak parau | miwah ingkang adharat sami | tan kawarna lampahnya | apan sampun rawuh | nênggih nagara ing Tuban | wong ing Pajang lampahe lintang ing Tubin | sêmana binabadan ||

33. èsthining driya anata bumi | kawarnaa sultan rawuhira | ing kitha bacingah mangke | garwa sami amêthuk | sami suka wadya Matawis | lanang wadon nêningal | rawuhe sang prabu | enjing sang nata sineba | pêpak kabèh pra mantri lawan prajurit | miwah para santana ||

34. sigra anggêganjar sri bupati | agêng alit wadya ing Mataram | wus tômpa ganjaran kabèh | ri sampun mangkanèku | mantuk ngadhaton wau narpati |Lebih satu suku kata: mantuk ngadhaton sang narpati. tan kawarna laminya | mangkana winuwus | Adipati Wirasaba | duk samana pan sampun dipun têlasi | linabuh pêjahira ||

51. Para adipati ing bang wetan sami saekapraya badhe anggêpuk Mataram

35. ênêngakêna nagri Matawis | laminya antara pitung wulan | ana kang kocapa malèh | nagara Tuban iku | cinarita lagya tinangkil | dening pra mantrinira | myang santananipun | kang tansah anèng ing ngarsa | pêpatihe kang aran Jayasantèki | sangêt matur gustinya ||

36. pan akêdah dènnyarsa nglurugi | têpis iring kang maring Mataram | arsa kinêluna mangke |

--- 8 : 32 ---

Dipati Tuban iku | anglilani saturirèki | ing pêpatihe ika | tan antara wau | wus mêpak sabalanira | wadya Tuban sampun umadêg kang baris | miwah nagara wetan ||

37. samya bantu kabèh tanna kari | sigra bubar Jasônta lampahnya | lan baris bang wetan kabèh | sakèhe kang ambantu | pan umiring kabèh tan kari | pan nagara ing Jipang | dinunung ing laku | wau nagri Wirasêkar | dèn ênggoni wau bupatinirèki | aran Wirakusuma ||

38. apan sampun ingaturan uning | mring kawula yèn wong wetan prapta | sarta lan sagêgamane | Wirakusuma wau | karsanira nglawani jurit | nanging datan kawawa | pan karoban mungsuh | dadya kendhang ing nagara | ngidul ngilèn parannya dènnya gumingsir | akarsa mring Mataram ||

39. arsa atur uningèng narpati | kalamun mangkya wong wetan prapta | datan kawarna lampahe | dyan warnanên ing pungkur | Patih Jayasônta wus prapti | Wirasari kalawan | ing Rênon wus suwung | ing jroning nagaranira | Jayasônta kalintang cuwa tyasnèki | arsa ngambah Santênan ||

40. apan têtiyang ing Jipang mangkin | sampun têlas sami binoyongan | lajêng angilèn lampahe | ing Pathi karsanipun | arsa lajêng dipun inggahi | wus prapta ing Santênan | wau lampahipun | ananging datan kawawa | Kya Jasônta gènyarsa gêpuk ing Pathi | mung desa kang dèn rusak ||

41. dadya wong cili kang padha ngili |

--- 8 : 33 ---

Jasônta gènnya amondhok samya | kidulkiduling. ing kitha prênahe | dening dipatinipun | ya ing Pathi datan mêdali | pamrihe ya wong wetan | sangsaya apurun | Ngabèi Wirakusuma | lampahira sampun prapta ing Matawis | sampun matur sang nata ||

42. yèn wong wetan karsanya mariki | ing Jipang mangke sampun binêdhah | binoyongan pawèstrine | de wong wetan puniku | wontên Pathi gènipun mangkin | sigra sang nata ngatag | Lap-alap tinuduh | anututana wong wetan | ingkang prapta gya bubar lampahirèki | saha gêgamanira ||

43. Alap-alap karsanira mangkin | age panggiha lawan wong wetan | apa ta baya rupane | nanging wong wetan wau | kang nglurugi sampun abali | undure palarasan | sangêt ajrihipun | tan anêdya anoliha | lampahira anglir wong binuru nênggih | Tumênggung Alap-alap ||

44. sapraptanira kapanggih sêpi | langkung cuwa tyasira Lap-alap | sigra bubar ing karsane | mantuk dhatêng Matarum | sigra-sigra lampahirèki | Alap-alap datansah | ngungun manahipun | dening mêngsah tan kapêdhak | langkung gêla mangkana lampahirèki | wus prapta ing Mataram ||

45. sigêgên praptanira Matawis | Alap-alap wau lampahira | Patih Jasônta kunênge | prapta ing Tubin sampun | sangkalannya ika kawarni | manggih êndhoge buta | wong Tuban wus mantuk | bubar mulih wismanira |

--- 8 : 34 ---

sowang-sowang sêmana laminirèki | yyantara limang warsa ||

46. wontên ingkang kawarnaa malih | nênggih nagara ing Surabaya | pakumpulan bupatyakèh | mangkana kang winuwus | adipati ing Surabanggi | dawêgira sineba | mring sakathahipun | para bupati bang wetan | samya kumpul wontên nagri Surabanggi | samya apagunêman ||

47. adipati ing Japan kang prapti | wong Surabaya lan Pasuruan | Lumajang Malang sarênge | Kadhiri Rawa iku | ing Kalangbrèt Kartasanèki | Sarêngat lan Balitar | iku samya rawuh | anèng nagri Surabaya | nagara loring toya kang sami prapti | Sampang lan ing Balega ||

48. Pakacangan lawan Arisbanggi | ing Sumênêp lawan ing Sambega | prapta Surabaya kabèh | nagara kilen wau | kang tan prapta ing Surabanggi | ing Lasêm lan ing Tuban | miwah ing Sidayu | punika kang nora prapta | nanging sampun prajangjinipun ing benjing | kapanggiha nèng marga ||

49. Adipati Surabaya angling | mring sakathahe para dipatya | hèh sanak manira kabèh | inggih marmitanipun | mangkya sami kula utusi | sakèhe sanak ingwang | nêdha malês ukum | anglurug dhatêng Mataram | dawêg gênti anjarah bêboyongi |Kurang satu suku kata: dawêg gênti anjarah ambêboyongi. mring nagara Mataram ||

50. wontên dene dipati ing Tubin | mangke wus kait lawan ing Pajang | sarta apênêt sanggupe | kalayan malihipun | ing Mataram punika ugi | yèn tan agya siniram |

--- 8 : 35 ---

tan wande puniku | ing têmbe angômbra-ômbra | dadya dipati wetan suka ing galih | wus sami nunggil karsa ||

51. arsa malês boyong wong Matawis | sigra binubarakên saksana | kang punang baris sakèhe | nglurug dhatêng Matarum | sakathahe para dipati | apamit karsanira | dhatêng Giri wau | anêdha pamit karsanya | lan angujung dhatêng astana ing Giri | sapraptane ngastana ||

52. wus angujung sadaya pan sami | sakathahe kang para dipatya | sigra amarêg sirage | mring Panêmbahan Ratu | ya Susunan Kawisguwangling | dhatêng para dipatya | apa karsanipun | padha amarêk maringwang | pra dipati ya ta Pangran Surabanggi | lan Pangran Singasêkar ||

53. matur alon sarya awotsari | inggih lampah kawula punika | anuwun pamit wiyose | sêdya amba pukulun | arsa nglurug dhatêng Matawis | arsa samya malêsa | ambêboyong iku | pra dipati ing bang wetan | samya tindak myang nagri salèring warih | sadaya pan lumampah ||

54. samya nglurugi dhatêng Matawis | dening Dipati Pajang punika | sampun apênêt sanggupe | ajangji sabiyantu | kait lawan Dipati Tubin | sagah purun ngamuka | mring wadyèng Matarum | benjing satêngahing yuda | Panêmbahan têka mèsêm jroning galih | lah iya pirabara ||

55. sira gêcak mring Mataram ugi | pirabara sira ngalahêna | iya sun amini mangke | yèn karsanira iku | tan wruh kalah mênange mami |

--- 8 : 36 ---

gaib karsaning Allah | wong kang akèh iku | ngalahakên kêdhik ika | tan kawasa mungguhing kawula iki | yèn darbea wisesa ||

56. matur dipati ing Surabanggi | dhatêng susunan ing Giri ika | kadya punapa mênange | nênggih nagri Matarum | pan punika ulun sakait | lan pra dipati kathah | tindak mring Matarum | lamun kawona punika | wong bang wetan punika sayêkti benjing | sami nungkul sadaya ||

57. têka mèmêmmèsêm. susunan ing Giri | iya môngsa-borong kaki sira | payo lampahana age | alah ta gêlaripun | dene sayêktine ing benjing | sigra para dipatya | samya nêmbah matur | ya ta tumulya gya bubar | sakèhing pra dipati samya nitihi | gêgaman sowang-sowang ||

58. dahat agênge kang punang baris | sawiyaripun kang ara-ara | kèbêbkankèbêkan. ing baris kabèh | gya bubar kabèh sampun | kang gêgaman lir prawatagni | alas gung kadalanan | têmah ra-aragung | sira dipati ing Tuban | wus apanggih lan Dipati Surabanggi | nulya rêrêb sadaya ||

59. sagunging para dipatya sami | akumpul apan sami sêseban | samya ngraosi margine | margi radin kang sampun | kadalanan dening lumaris | ingkang layak ingambah | dening ing wong agung | dadya kang para dipatya | samya animbali kajinêman aglis | anulya sami prapta ||

60. karan sira padha ngong timbali | ing ngêndi marga ingkang arata | kang bêcik kambahing akèh |

--- 8 : 37 ---

kambah gêgaman agung | ingkang murah bêras lan pari | kajinêman wotsêkar | kabèh barêng matur | botên wontên kang prayoga | mung Madiun nagara ingkang aradin | lan bêras pari murah ||

61. inggih pangraos kawula ugi | margi punika lamun kambaha | ing baris punika kabèh | nadyan rêrêba besuk | kados botên kirang abukti | anjog ing Jagaraga | wiyar papanipun | dadyabdi dalêm sadaya | yèn tuwuk bukti wêtah ingabên jurit | yêkti majêng sadaya ||

62. nênggih wontên têliking Matawis | angawula dhumatêng ing Tuban | Ki Randhuwatang wastane | wus pitung sasi iku | dènnya anèng Dipati Tubin | pangawulane ika | kalangkung sakantuk | kang nama Ki Randhuwatang | kinasihan ginugu mring sang dipati | saatur-aturira ||

63. Ki Randhuwatang kagyat ing galih | mirsa aturing têlik punika | kalangkung maras atine | angartika tyasipun | kagugua têlik puniki | anglêlêbari ôngka | mêtua Madiun | wus kaduga manah ingwang | yèn wong ing Mataram kalangkung akêdhik | wong wetan pan akathah ||

64. dhasar kathah antuk papan malih | pasthi yèn lêbur wadya Mataram | kalawan pindhone manèh | nagara papat iku | pasthi ilang têmahe benjing | nulya Ki Randhuwatang | abêbisik wau | dhatêng Adipati Tuban | kadipundi têmahe punika benjing | yèn siyosa kang lampah ||

65. yèn mêdala Madiun puniki | pasthi kathah kang mapag ing

--- 8 : 38 ---

lampah | ing lampah punika têmbe | pan Madiun puniku | lan nagari ing Pranaragi | Pajang lan Jagaraga | botên wande besuk | yèn puniku dadya mêngsah | pasthi botên kobêr gêcak ing Matawis | akêkècèr ing marga ||

66. dados ing lampah angrêribêdi | punika dahat dening asalah | kang punang têlik ature | Dipati Tuban matur | mring dipati ing Surabanggi | inggih mangke kawula | darbe têlik luhung | awasta pun Randhuwatang | tur asêkti kalawan waspadèng margi | sakathahing nagara ||

67. sampun jinajah sadaya nguni | gya Dipati Surabaya mojar | tanya kang radin margine | Ki Randhuwatang maju | atur sêmbah mring sang dipati | margi ingkang prayoga | ing Lasêm puniku | anjog nagri ing Santênan | pan ing Dêmak kaprênah ragi kapering | punika marga rata ||

68. lan mirah ingkang sarwa binukti | mênggah gêgaman agêng punika | kados cukup satêdhane | yèn miyosa Madiun | Pranaraga sang adipati | èwêdèwêt. kathah minêngsah | dadya tan rahayu | dipati ing Surabaya | ya ta ngidhêp ature têlik ing Tubin | iku si wong ngawula ||

69. amalês ing kabêcikan gusti | sakèh têlik iki apan ora | amrih rahayu gustine | sangêt dènira bêndu | kajinêman dipun cêkêli | wus kinèn mêjahana | sadaya puniku | ri sampunsampuning. ing cinêkêlan | kajinêman akarsa dipun pêjahi | anangis lara-lara ||

70. sarta

--- 8 : 39 ---

sêsambate adrawili | ya ta tinakèn pagene sira | anangis kèh sêsambate | kajinêman amuwus | boya nangis wêdi amati | ya panangis ingwang | dadi apa besuk | lamun gusti anuruta | ing ature têlike Dipati Tubin | pasthi yèn karusakan ||

71. adat pail lan angèl binukti | iku kang dadi tangis manira | kadyapa benjing polahe | ngong wlas ing gustiningsun | ingkang kinèn mêjahi angling | lah iku padu apa | padu arêp lampus | kajinêman kalihira | tan antara ya ta sampun dèn pêjahi | dawa yèn kawarnaa ||

72. kajinêman kalih sampun mati | sêmana Dipati Surabaya | anggugu ing saature | têliking Tuban wau | ingkang bênêr pan dadi sisip | iya datan kadosa | baya wus pitulung | ing Hyang maring wong Mataram | dadya sakèh pra dipati ngidhêp sami | aturing têlik Tuban ||

73. Pangeran Japan sigra dènnyangling | kontung sapisan puniku uga | nagri Mataram bêdhahe | kaya ta nora wurung | yèn wandea sapisan iki | tan arsa mulih ingwang | suka awak ingsun | yèn muliha binandhosa | adipati ing Tuban sigra dènnyangling | yèn tan bêdhah Mataram ||

74. yèn tan bêdhah ya samêngko iki | iya ingsun dhêdhukuh kewala | sakèh pra dipati kabèh | samya nibakkên wuwus | sowang-sowangPênulisan suku kata wang pada kata sowang yang pertama diikuti dêngan sandhangan tarung. darbe prajangji | Dipati Kapulungan | sumêlang ing kalbu | sênig-sênig manahira | pan katingal kala

--- 8 : 40 ---

kawone rumiyin | binuru mèh kontunga ||

75. sigra têngara kang bêndhe muni | agya bubar gêgaman sadaya | surak sauran swarane | pangriking kuda umyung | angrok lawan swaraning janmi | gêgaman yèn sinawang | lir mun-amun awu | kang tunggul awarna-warna | miwah umbul-umbul lêlayu tulyasri | anglir prawata sêkar ||

76. sawiyaring wana pan waradin | kaèbêkan lampahing gêgaman | wana rêngkêt padhang kabèh | lir binabadan iku | kambah dening agênging baris | sêmana wong bang wetan | samya kibiripun | lah iki sida kabêdhah | ing Mataram pan iki karoban baris | wong wetan pan kêrigan ||

77. apan bupati padha ngawaki | kaya ngapa yèn ora bêdhaha | Mataram sapisan kiye | sawênèh ana muwus | lah ta pikulanira iki | mara padha buruhna | pasthi nora wurung | sira malês anjêjarah | wanèh ngucap payo gawa pacul kudhi | payo padha sêsawah ||

78. nêdha lajêng wisma ing Matawis | wênèh ngucap ingong iki boya | ngarah wisma Matawise | yèn pinarênga besuk | lamun bêdhah nagri Matawis | ingsun angambil êmas | ingkang luwih luru | sun karya umpak pangleran | kang sawênèh ana ngucap besuk mami | yèn bêdhahing Mataram ||

79. ingsun angambil wong Kêdhu benjing | ingsun arah punuke kewala | sun karya dodolan bae | sun gêbêg sabên esuk | sarta ingsun kakêlinthingi | ing besuk anak [a...]

--- 8 : 41 ---

[...nak] ingwang | mandah bungahipun | wruh punuk kakêlinthingan | wênèh angling sun besuk angalap pênthil | ing para nyai ika ||

80. arsa sun karya nyamat ing benjing | si kaki nangis sok jaluk nyamat | papênthil kinarêpake | inganggo salat subuh | wênèh ana rowange angling | iya pangarah ingwang | pêpênthile besuk | ingsun karya tasbèh ika | mandahane dene sarêgêp ing benjing | iya pamuji ingwang ||

81. tan kawarna lampahirèng margi | wus praptèng wetan nagri Santênan | wong wetan sigêgên mangke | dyan warnanên sang prabu | ing Matarum wus sinung uning | yèn wong bang wetan prapta | wau sêdyanipun | arsa gêcak ing Mataram | sigra miyos sang prabu warnanya pêkik | singa mulat kasmaran ||

57. Asmaradana

1. pinarêk ing pôncaniti | aglar ingkang asewaka | gêdhong kapêdhak pan andhèr | jajarane tundha tiga | lêmbing kalawan pêdhang | busur munggèng jabanipun | wong priyantaka nèng ngarsa ||

2. ing ngarsane saragêni | kakôndha ngapit ingarsa | pinisêpuh seba kabèh | munggèng ngarsaning narendra | miwah para santana | para bupati nèng ngayun | tanapi rôngga lan dêmang ||

3. angandika sri bupati | mring Dêmang Jayasupônta | mêngko sun junjung lungguhe | sisiha lan Martalaya | Panumping dèn paroa | Jasupônta awotsantun | anuwun sih sri narendra ||

4. lawan anake si kaki | Mangkubumi kang taruna | mêngko sun junjung lungguhe |

--- 8 : 42 ---

jumênênga Mangkubumya | lah padha ngèstokêna | sakathahe mantriningsun | miwah sakèh pra santana ||

5. wontên ta wadya Matawis | awasta Baratkatiga | anakipun mung sawiyos | lanang jumênêng dipatya | pan wus sinungan nama | Ki Tumênggung Singaranu | dadya pêpatih Mataram ||

6. tansah ing ngarsa narpati | sri narendra angandika | hèh Alap-alap dèn age | miyanga marang Santênan | warahên ariningwang | aja lunga kuthanipun | têka dèn kukuh tugura ||

7. kalawan malih sirèki | Alap-alap dèn prayitna | sira anèng Pathi mangke | manawana mungsuh prapta | anêmpuh ing Santênan | sira lêlayua gupuh | Alap-alap tur sandika ||

8. apan sampun nêmbah amit | Alap-alap sigra bubar | tan kantun sagêgamane | angalor ing lampahira | ing Pathi kang sinêdya | kawarnaa ingkang pungkur | wong Mataram wus siyaga ||

9. sang nata ngandika malih | Singaranu têngaraa | sun arsa tumindak dhewe | amapag mungsuh bang wetan | padha sira dandana | Martalaya nêmbah matur | kawula miyarsa warta ||

10. Dipati Pajang anênggih | kait lan Dipati Tuban | wong wetan mila dhatênge | dening Adipati Pajang | sanggup ngamuk ing wuntat | sang nata datan mituhu | môngsa si yèn mangkanaa ||

11. lah wis têngaraa aglis | sigra têngara tinêmbang | wong Mataram obah kabèh | samya adandan gêgaman | sang nata sigra jêngkar |

--- 8 : 43 ---

malêbêt maring kadhatun | sri narendra asiyaga ||

12. pan enjing amêpak baris | wadyabala ing Mataram | umyung gumêrah swarane | ngalun-alun bêbarisan | Dipati Martalaya | Jasupônta sisihipun | ing alun-alun agêlar ||

13. sakancane sampun prapti | wong Sèwu anumbakanyar | prapta kabèh gêgamane | Bumija wus sami prapta | mantrinira aseba | myang santana sami rawuh | lawan sagêgamanira ||

14. Pangeran Purbaya prapti | lan Arya Wiramênggala | lan Dipati Juminahe | Adipati Pringgalaya | prapta sawadyanira | Têpasana sampun rawuh | Tanpanangkil sampun prapta ||

15. Dipati Amangkubumi | lawan Prawirataruna | myang Adipati Pugêre | lan Pangeran Martasana | lan Pangeran Balitar | santana wus pêpak wau | rajèng Mataram siyaga ||

16. ngrasuk kapraboning jurit | asri anganggya makutha | kawaca bludru cêmênge | murub rinenda kancana | myang nayakanya mubyar | sigra miyos sang aprabu | ginarêbêg ing biyada ||

17. sêmana baris MataramMatawis. | wus miyos jawining kitha | jawining Taji pan andhèr | lir sagara rob balabar | gêgaman ing Mataram | ing wau sira sang prabu | wus miyos saking kadhatyan ||

18. gêgaman dalêm wus prapti | kang aran Ki Nayagarwa | kapêdhak têngên lurahe | kang kiwa Ki Garwakôndha | gêdhong têngên lurahnya | taruna tur ambêg purun | Tumênggung Mangunnagara ||

19. kang kiwa Ki Surantani |

--- 8 : 44 ---

wus pinarêk sri narendra | pra mantri aglar ngarsane | sigra akèn tangaraa | lah uwis bubarêna | Ki Tumênggung Singaranu | sigra anêmbang têngara ||

20. sigra bubar sri bupati | anitih liman lêlawak | ginarêbêg ing wadyane | gêdhong kapêdhak sadaya | ing Taji sampun prapta | sang prabu angatag sampun | ngandika luhur ing liman ||

21. payo bubar saking Taji | wong Sèwu anumbakanyar | Bumija bubar barise | lumampahana ing ngarsa | Ki Arya Jasupônta | Panumping rerehanipun | punika kang sampun bubar ||

22. ing wuri ingkang nambungi | Ki Dipati Martalaya | wong Panumping sasisihe | nuli kang para santana | Pangeran Purubaya | lawan sarereyanipun | anulya lurah santana ||

23. santana ingkang sasisih | pangeran ing Pringgalaya | punika kang wadanane | pan sampun bubar sadaya | sigra sri naranata | anitihi liman agung | gêgaman budhal sadaya ||

24. tinon kadi gunung agni | gêgaman awarna-warna | asri tinon panêngrane | samarga dadi tontonan | lampahe sri narendra | datan kawarna ing ênu | wus praptèng nagara Pajang ||

25. amondhok kilèn nagari | sri narendra siniwaka | dening mantri agung kabèh | kangjêng sultan angandika | lah kakang Martalaya | amundhuta kudhi pacul | dêdalan sira rataa ||

26. lah sakèhe ingkang kali | iku padha urugana | dèn [dè...]

--- 8 : 45 ---

[...n] babadana alase | pamrih ingsun wong bang wetan | aja kandhêg lumampah | têkaa ing ngarsaningsun | kang kinon tur sêmbah mentar ||

27. Martalaya awotsari | anuhun atur kawula | rama jêngandika anggèr | ing Pajang mondhok bang wetan | Bêbêluk wastanira | pan sakèwêdpakèwêd. manahipun | kangjêng sultan angandika ||

28. sira rêmbuga pribadi | kalawan para santana | sira priha sapatute | aja kongsi dadi ala | Pangeran Purubaya | asru dènira amuwus | apa karêpe wong Pajang ||

29. dene ta nora anunggil | nêdha sami kinongkonan | padha dèn tog sabudine | yèn bêcika yèn alaa | mupung mungsuh atêbah | yèn ala dawêg ginêpuk | aja makewuh ing lampah ||

30. Arya Wirapati angling | punapa mangke kawula | lumampah angucapake | lah iya sira miyanga | sira pituturana | asangêt pangeman ingsun | lamun paman ambalika ||

31. Martalaya angling aris | Saradipa lah milua | anuta ing salakune | Ki Wirapati ta sira | manawa nyata ala | iya ing sapatutipun | têka sira iringêna ||

32. Wirapati wus lumaris | lawan Kyai Saradipa | lawan ing sagêgamane | angrasuk kaprajuritan | kalih sami prayitna | tan asuwe nuli rawuh | pondhoke Pangeran Pajang ||

33. malêbêt sampun apanggih | alinggih ayun-ayunan | Wirapati pamuwuse | maring sang Pangeran Pajang |

--- 8 : 46 ---

lah nêdha pakênira | ngandika dhatêng sang prabu | lah mulane pakênira ||

34. abaris boya anunggil | lawan gêgaman Mataram | kaya ta apa karêpe | lah anêdha anunggala | ing wingi pakanirapakênira (dan di têmpat lain). | kangjêng sultan pan andangu | pakanira boya nana ||

35. kewuhan saurirèki | Pangran Pajang kacêthikan | kawênangan sabudine | angrasa yèn kabênêran | paranta karsaningwang | saure gragap garugup | mulane manira kesah ||

36. abaris wontên ing ngriki | anjaga mungsuh kang wetan | Wirapati sru wuwuse | sarwi abang kang wadana | aja kakehan basa | wêkasan ala tinêmu | môngsa sun jriha ing sira ||

37. Dipati Pajang lingnyaris | lah kakang wontên punapa | nêdha manira andhèrèk | pan manira boya nêdya | amungsuh kangjêng sultan | pan gêntine rama prabu | sigra adipati bubar ||

38. kèrid dening Wirapati | kalawan Ki Saradipa | sigra prapta tan asuwe | wus awor baris Mataram | sinupit anèng têngah | kalawan gêgaman agung | milane tan kêna obah ||

39. nulya lumaju kang baris | atata ingkang gêgaman | anèng Siwalan prênahe | gêgaman sampun atata | tan liru prênahira | ênêngakêna karuhun | kocapên baris bang wetan ||

40. sampun prapta ingkang baris | anèng salèrsalèring. ing Siwalan | sampun tinata barise | pangeran ana ing kiwa | lawan para dipatya | bang wetan samya nèng ngriku |

--- 8 : 47 ---

anênggih Dipati Tuban ||

41. pangawat kiwa dèn goni | lawan baris ing Madura | ing Lamongan Garêsike | Sidayu kang anèng kanan | sampun prapta sadaya | Dipati Surabayèku | barise ana ing têngah ||

42. sampun prasamya bêbiting | wong agung wetan sadaya | wus pirang dina lamine | dèrèng acampuh kang yuda | mapan sampun alama | inganti dening sang prabu | sinambêr ing dhandhanggula ||

58. Dhandhanggula

1. kawarnaa sultan ing Matawis | siniwaka anèng pasanggrahan | pêpak sawadyabalane | angandika sang prabu | mring sakèhe para bupati | kayapa karsanira | wong wetan puniku | alawas norana mêdal | gêgamane angêkêb anèng jro biting | paran ing karsanira ||

2. Martalaya aturira aris | patikbra matur paduka nata | yèn suwawi padukanggèr | bitingipun ginêmpur | sampun lami paduka anti | pan datanpa wêkasan | tan anêdya mêtu | lêhêng anuntên rinangsang | yèn sampeyan datan mêdali ajurit | inguntap dening mêngsah ||

3. Panêmbahan Purubaya angling | manira boya rêmbug mangkana | yèn angrangsanga bitinge | wong wetan kang anglurug | pakanira kang anadhahi | lamun tan purun mêdal | iku karêp ingsun | sun ênês-ênês kewala | kinêpêtan sêsabane ngambil bukti | sakèh wong nitih kuda ||

4. sabên dina ngidêrana biting | dêdimène wong wetan nêpsua | amêtonana jurite |

--- 8 : 48 ---

yèn sintên wani mêtu | yêkti kuru akathah mati | suka sri naranata | iku ingsun pêthuk | pakênira lampahana | sabên dina konên ayêng wong Matawis | ngidêri pasanggrahan ||

5. sakathahe prajurit Matawis | sami mêdal kang wahana kuda | sarta lan sagêgamane | mêngsah kang sami mêtu | arêramu dipun pêjahi | sabên dina mangkana | nora kêna mêtu | yèn mêtu mangalèr ika | pan wong Pathi iya ingkang anjagani | wong wetan dipun bahak ||

6. sangsaya-saya ngalami-lami | wong wetan padha akurang mangan | wong sikêp kathah kalonge | amung dhaon rinêbut | têmu kunci ingkang binukti | bonggol gêdhang pinangan | pondhoh arèn umbut | wong cili kathah kalaran | swaranira yèn dalu pating gulirih | pan sami angrêsula ||

7. padha batur maling dèn malingi | cêlêr-cinêlêr singa tunggala | saking tan bêtah angêlèh | ana mêmaling sêkul | maling bêras maling têrasi | wênèh ngrêbat liwêtan | konangan sinuduk | sawênèh mêmaling jaran | sinambêlèh mring wana dipun thèthèli | binakar mêmêntahan ||

8. pan wong wetan linud ing gêgêring | rumab mising panastis akathah | sawênèh alara mèncrèt | yèn dalu ting karêkuh | adhuh-adhuh ana anangis | kang ngrêrintih sauran | sinauran ngadhuh | kang rada olèh mapangat | andêdonga amuji marang Hyang Widi | wênèh misuhi lara ||

9. wong bang wetan angênês asêdhih | bupatine pan ora [o...]

--- 8 : 49 ---

[...ra] arêmbag | ari yonyèn. iku budine | wong kathah watêkipun | ya ta sira Dipati Tubin | sigra amêpak bala | karsane angamuk | arêmbag lan mantrinira | kaya ngapa rowang kônca tan mêtoni | mêngko bala wus rusak ||

10. pan wong cili akèh mati gêring | tanggung-tanggung kudu bêbaturan | kudu anglurug marene | kongangane tan purun | ywa lumampah angrêribêdi | pan ingsun ora pedah | aprang jaluk bantu | pan ingsun wani priyôngga | amungsuha jurite rajèng Matawis | aja nganggo wong wetan ||

11. lah ta bapa têngaraa aglis | sun unggahane Sultan Mataram | sun cicipane tumbake | ki patih sigra nabuh | bêndhenira tinitir-titir | wong Tuban sigra dandan | gêgaman anggêrgud | prajurite wus adandan | kinèn mêdal sakèh rajêg sampun ênting | sadaya binêdholan ||

12. Adipati Tuban wus anitih | kuda angrasuk kaprajuritan | wus munggèng luhur kudane | wastane kudanipun | Simatari ulêse putih | sêsarungipun giwang | apus buntut gulu | samya cinêplok ing giwang | arasukan dipati sangkêlat abrit | murub tinut ing renda ||

13. udhêngipun bolong-bolong abrit | yèn dinulu apindha kalana | abagus brêngos lèmète | akèn tangara sampun | swaranira mêlingi kuping | wong Tuban wus kumêrab | swarane gumrudug | Dipati Tuban nèng wuntat | dhengah-dhengah pinayungan payung abrit |

--- 8 : 50 ---

pan sarwi angandika ||

14. hèh wong wetan lah tontonên sami | sun apêrang lan Sultan Mataram | nora kêdah kanthi kowe | pan ngêdên purun ingsun | atandhing prang lan wong Matawis | wong ingkang kaya sira | têka ting calulu | wadon ora lanang ora | tanggung-tanggung tapih awasisan ugi | nora wani apêrang ||

15. wong bang wetan langkung wirang isin | mirsa ujare Dipati Tuban | samya kucêm dipatine | wong cili samya gunggung | iki silih layak bupati | anguripi akathah | pantês ngong sinuhun | nora wande olèh pangan | lah wong batur payo padha nêningali | bari gawa pikulan ||

16. wus atata wong Tuban abaris | wong Mataram pan sampun uninga | sigra tinata barise | pra santana sadarum | samya mêdal nindhihi baris | nênggih para santana | wong Tuban kapêthuk | sigra muni kang tangara | wus acampuh anulya bêdhil-binêdhil | surak ambal-ambalan ||

17. tan asuwe wong Tuban kalindhih | prajurite tan amèlu pêrang | amungakên sikêp bae | Dipati Tuban dulu | wadyanira yèn wus kalindhih | kudanira kinêtap | ngingêrakên sampun | anuli sigra lumajar | ngungsi biting pinapag dipun bandhêmi | lah mara bênturana ||

18. samya ngucap wong sajroning biting | dening mau sanggupe kumêthak | enjuh dhewe sêsumbare | dene iku tan enjuh | hèh wong batur aja kowèhi |

--- 8 : 51 ---

malêbu bitingira | balangana watu | wong Tuban wus binalangan | palayune wong cili padha anisih | sikêpe akèh kêna ||

19. pêpisuhe wong Tuban drawili | mring gustine iki si wong edan | dening mau sêsanggupe | dene tan wani pupuh | palayune tinggal wong cili | bawat kêna pasibat | tan drêman wak ingsun | duwe gusti kêna nglanat | tan wruh wirang prajurit awêdi mati | datan layak sinêmbah ||

20. dènnya buru kasaput ing wêngi | wong Mataram mundur abêbandhang | sampun prapta ing pondhoke | wong Tuban kang kawuwus | dènnya mundur datan atêbih | atata pamondhokan | kocapa wong agung | pangrasane yudanira | wong ing Tuban wus nora wani apêthil | pan dadi pagujêngan ||

21. adipati sira nulya angling | ingsun nyana wong Tuban enjuha | dening alangguk sanggupe | iku wong pêksa luhung | kumawawa apêksa wani | angarèkkên wong kathah | tan angangge rêmbug | karêpe ayun mêmirang | awasana kaburu kawalik-walik | dalah sing jongor sapa ||

22. mung atine adrêngki lan drohi | kang dèn olahi kuwus pantêsnya | wong nora nana gunane | prasamya ginaguyu | Adipati Surabayangling | lah nêdha wong bang wetan | nêdha mêdal besuk | samya amêtoni yuda | mupung ana wong cili rêkate dhidhik | nêdha angangkat yuda ||

23. wusnya rêmbag sakèhing bupati | sampun dalu pan sampun anendra | wong

--- 8 : 52 ---

cili akèh jajale | gègèr ping pat sadalu | pan sawêngi tan ana guling | sarêng bangun raina | atêngara umyung | prajurit samya adandan | sampun padhang wus mêdal anata baris | nênggih Dipati Japan ||

24. kangjêng sultan akèn amurugi | dêdimone barise wong wetan | kongsia têka marene | samya ngurugan sampun | ingkang anèng wetan abaris | Dipati Martalaya | lan sakancanipun | lawan Arya Jasupônta | sabature pan dadi pangawat kering | mangsah Dipati Japan ||

25. pra santana têngên dèn ênggoni | yun-ayunan lawan wong Madura | Surabaya lan sang natèng | wong Tuban kang winuwus | sampun mêdal gêgamanèki | liman wus pinalanan | ana sêliripun | awasta Ni Agraita | Andrawela wastane ingkang sasisih | kinèn anunggang liman ||

26. gêgamane dipati ing Tubin | pan agêgêr nèng wuri kewala | nora kapenak atine | anitih kudanipun | pun Matari ulêse putih | pan sarwi akèn dandan | sakèhing pêpikul | padha sira andhèdhèra | bok-êmboke wong wetan angapirani | sadayane dandana ||

27. kang kocapa ingkang nata baris | Adipati Japan angandika | ingsun iki wite gawe | arsa mungsuh sang prabu | ing Mataram ingsun ayoni | angadua karosan | kuwating bêbalung | angadu pucuking braja | yèn kaparêng manira karsaning Widi | kalingan ing pangkalan ||

28. yèn tunjangna [tu...]

--- 8 : 53 ---

[...njangna] jêjêblogan iki | pan ajêro jêblogane ika | baya tan urung pasthine | anging ta nora ketung | ênggon ingsun arêp ngayoni | narpati ing Mataram | sigra dènnya muwus | atakèn ing wadyanira | ika sapa ingkang baris kidul iki | wadyanira dan mojar ||

29. pan punika nênggih Ki Dipati | Martalaya ingkang payung pêthak | anitihi gêgamane | dening kang kilènipun | gih punika kang darbe baris | Ki Arya Jasupônta | nênggih ajalipun | saking Kadhiri mulanya | sadhèrèke kariyin Ki Senapati | jajar Ki Saradipa ||

30. pan kêkalih punika prajurit | dados andêl-andêl ing Mataram | Dipati Japan wuwuse | ingsun têmpuh karuhun | apan iku sami prajurit | kaya nora kèsêman | amungsuh wong iku | nulya anêmbang têngara | wadya Japan lumaju kalangkung wani | datan sêdya mundura ||

59. Durma

1. sampun mangsah Dipati Japan ayuda | prajurite rumiyin | mapan sêdyanira | yèn tan lanang kang yuda | aja kongsi mulih urip | sawadyanira | sanggupe tan gumingsir ||

2. gêgamane sira Dêmang Jasupônta | angayunakên kawis | wontên wong sadasa | ciptanira ki arya | yèn wong wetan anêmêni | ingsun lan sira | angrasa lamun kontit ||

3. Jasupônta angatag ing wadyanira | obarên omah iki | dimène aura | gêgamane wong wetan | yèn mêksih gêmbêl kang baris | awrat sinôngga |

--- 8 : 54 ---

dening sira kang jurit ||

4. dan binêsmi dahana anulya mubal | kabêkta dening angin | angalor sadaya | kukuse kang dahana | gêgaman etan angisis | dadya aura | wong Mataram nindaki ||

5. Adipati Martalaya anarajang | têngah rana kapering | Arya Jasupônta | narajang saking kiwa | wong wetan datan udani | mêrêm kewala | katampêkan ing gêni ||

6. wong bang wetan tinarajang rinampogan | samya kagum kang jurit | angawur kewala | pangamuke wong wetan | nanging datan angudhili | sampun kapapan | wong wetan akèh mati ||

7. adipati ing Japan mulat ing wadya | pêrange wus kalindhih | sigra nyandhak tumbak | kudane wus kinêtab | anandêr têngahing jurit | sarwi sêsumbar | lah kêmbulana mami ||

8. iya iki rupane Dipati Japan | têdhak Madiun mami | kang aran Mas Lonthang | lah mara kêmbulana | sampun anêngahi jurit | singa katrajang | bubar akathah kanin ||

9. Adipati Martalaya sigra ngatag | mring kancanira mantri | pan bubuhanira | lah payo kinathahan | sigra sakèh para mantri | sarêng tumandang | dipati dèn byuk wani ||

10. tandangira dipati lir singa kurda | kinarutug ing mimis | sinosog ing watang | nanging datan tumama | anulya dipun bandhêmi | binrangkolangan | ginitik popor bêdhil ||

11. kadi pira kuwate tiyang satunggal | tan ana kang nulungi | dipati ing Japan | aniba saking kuda | kinaroyok [kinaro...]

--- 8 : 55 ---

[...yok] lawan bêdhil | sampun palastra | wong wetan aningali ||

12. Ki Tumênggung Kapulungan pan uninga | Dipati Japan mati | gumêtêr dhrodhogan | tan goroh ujar ingwang | dhingin atingong wus titir | prandene iya | wong kêndêl-kêndêl mati ||

13. alah payo batur mundur dèn agancang | sapa ngalêm yèn mati | angur lumayua | sapa yitna yuwana | sigra anandêr tan aris | Ki Kapulungan | kulambine winalik ||

14. wong Mataram nulya amburu sadaya | wong wetan dèn tumbaki | sing kacandhak pêjah | Dipati Surabaya | gêgamane wus angisis | sigra lumajar | datan atolih buri ||

15. Dipati Tuban wruh bature lumajar | sampun dharodhog dhingin | awake dipatya | nulya atilar liman | sigra angêtab turanggi | anandêr kêbat | sêlire tan tinolih ||

16. pakathike anyêluk mring gustinira | sêlir kiyai kari | dipatya angucap | dhiyêm jangan bicara | besuk bolih bini lagi | saya anggêbras | sêlir maksih nèng èsthi ||

17. katututan dening wadya ing Mataram | gajahe dèn adhangi | nulya tinunggangan | sêlir padha karuna | Ni Graita kang sawiji | Ni Andrawela | namane kang sawiji ||

18. wong Mataram malêtêr Dipati Tuban | saparane katawis | nitih kuda pêthak | panganggya obra muncar | marmanya dipun balêdig | amèh kacandhak | kudane dèn udhuni ||

19. Adipati Tuban nusup galagahan | sinambêr ing tik [ti...]

--- 8 : 56 ---

[...k] iyik | anjola aniba | nyana sinambêr gêlap | lahadèn bolik kibaring | wêdi ngong dahat | sadalan pan kacerit ||

20. kapalira kacandhak de wong Mataram | anulya dèn tunggangi | suka ingkang angsal | malangkrik sênggak-sênggak | gajahe wus dèn tunggangi | pitêkurmana | langkung suka prajurit ||

21. sampun katur sadaya ingkang bandhangan | dhatêng Sultan Matawis | sarta sêlirira | Dipati Martalaya | lawan Jasupônta aglis | marêk sang nata | angaturakên jisim ||

22. Adipati Japan jisime binakta | wus katur ing narpati | sultan angandika | lah êndi parènèkna | ki besan Japan kang jisim | pan sampun prapta | ngarsaning sri bupati ||

23. adêgêna jisime ki besan Japan | iki silih prajurit | mapan wong bang wetan | mung iki dhewe lanang | mung ki besan wong prajurit | lah wong Mataram | bêktanên jisim iki ||

24. lah pêtakên ing Butuh tunggal lan sultan | Pajang payo dèn aglis | iku si prawira | tan gingsir ing samaya | saujare dèn kurêpi | layak tinêpa | dening kang kari-kari ||

25. sri narendra sigra akèn atêngara | ingsun akèn tumuli | mulih mring Mataram | anulya tinêngaran | sadaya kang punang baris | bubar atata | saprênah-prênahnèki ||

52. Nagari Lasêm tuwin Pasuruan dipun bêdhah dening wadyabala Mataram

26. tan kawarna ing marga pan sampun prapta | ing jro kitha Matawis |

--- 8 : 57 ---

sampun anggêganjar | tan kawarna laminya | watara satêngah sasi | sri naranata | sineba dening mantri ||

27. angandika sang nata mring Martalaya | lah Jasupônta iki | sira lumakua | sakèhing wong nagara | sabaturira Panumping | sira gawaa | sarta gêgaman jurit ||

28. lan si adhi Santênan sira gawaa | lan bala sanagari | sigra Martalaya | matur saha wotsêkar | wong Panumping mêpak baris | anulya bubar | tan kawarna ing margi ||

29. sampun prapta ing Pathi sira dipatya | Martalaya nimbali | wong Pathi dandana | dipatine wus mêdal | anulya sira lumaris | tan kawarnaa | ing marga sampun prapti ||

30. sampun prapta ing Lasêm amasanggrahan | dening Dipati Pathi | kidul kilèn kitha | gènnya amasanggrahan | dening wadya ing Matawis | kidul ing kitha | samya atêpung baris ||

31. pan nagara ing Lasêm sampun kinêpang | wong Lasêm sampun tintrim | angrasa yèn kalah | tan purun mêtonana | nulya kasaput ing wêngi | rêrêp sadaya | wong Lasêm padha ajrih ||

32. pan wong cili akathah mêdal sêmana | angungsi ing wong Pathi | swaranira umyang | wong Mataram uninga | yèn jro kitha gègèr ngili | panyananira | binêdhah ing wong Pathi ||

33. wong Mataram pan sampun rêmbag sadaya | arsa agrangsang biting | anulya lumampah | jro kitha linêbonan | bupati lawan kang dasih | datan sawala | gêgaman [gêga...]

--- 8 : 58 ---

[...man] dèn bongkoki ||

34. pan wong Lasêm dinum lir pendah ranjapan | pinaro lan wong Pathi | anulya binêkta | mulih marang Mataram | boyongan jarahan ênting | datan kawarna | ing marga sampun prapti ||

35. ing Mataram pan sami seba sadaya | sri narendra wus mijil | pêpak wadyabala | Dipati Martalaya | wus marêk dhatêng narpati | Ki Jasupônta | lumampah brôngta kingkin ||

60. Asmaradana

1. wus prapta ngarsa sang aji | Jasupônta lan dipatya | Santênan lan sabalane | ngaturakên bêboyongan | sampun katur sadaya | dhumatêng jêng sang aprabu | sang nata kalangkung suka ||

2. sêmana dèn sangkalani | ula ngêndhog margèng jagat |Sengkalan: ula ngêndhog margèng jagat (1508 A.J.). lawan malih sangkalane | kala Adipati Japan | pêjahira ayuda | pinêtak anèng ing Butuh | rêsi guna pôncaning rat ||Sengkalan: rêsi guna pôncaning rat (1567 A.J.).

3. ginanjar Dipati Pathi | dèn pêpantês panganggenya | wus sinung arta êmase | miwah wadya ing Mataram | wus linèlèr warata | sadaya tan wontên kantun | sang nata anulya jêngkar ||

4. malêbêt ing dalêm puri | sampun alami sêmana | kangjêng sultan sigra miyos | sineba sagung ing wadya | miwah para santana | kang tansah munggèng ing ngayun | Singaranu Martalaya ||

5. sinandhing tan kêna têbih | kangjêng sultan angandika | lah kakang Martalayage | iya sira lumakua | anglurug mring bang wetan | sira bêdhaha

--- 8 : 59 ---

karuhun | nagara ing Pasuruan ||

6. sakèhing para dipati | kabèh padha lumakua | ana dene wêkas ingong | yèn wus praptèng Pasuruan | sakèh santananingwang | padha amondhoka besuk | ana sakiduling kutha ||

7. kakang Martalaya benjing | mondhoka kang kidul wetan | pan wong Pajang aja têbèh | ana dene Alap-alap | mondhoka loring kutha | yèn têka sira ing besuk | nagara ing Pasuruan ||

8. aja lyan sira antèni | amung ing dina Jumungah | antinên yèn sira campoh | lah uwis padha bubara | sigra Ki Martalaya | miwah pra santana sampun | atur sêmbah samya bubar ||

9. miwah wong Mataram sami | sadaya pan sami bubar | sing alun-alun bubare | amondhok jawining kitha | wong cili ngantos samya | pan sampun bubar sadarum | ya ta Adipati Pajang ||

10. samana sampun acawis | sagêgaman ing ayuda | samana wus bubar kabèh | ênêngakêna sêmana | kocapa sri narendra | wus jêngkar sing sitiluhur | pinarêk ing kamandhungan ||

11. Jasupônta dèn timbali | prapta ngarsa nulya nêmbah | sri narendra angling alon | hèh Jasupônta miyanga | sumusula mangetan | sira sun karya pandulu- | ningsun dèn waspada tingal ||

12. jênêngana wong Matawis | kang bêcik lawan kang ala | kang wong Mataram sakèhe | aja sira awèh liwat | jabaning barisira | dening yèn ana kang purun |

--- 8 : 60 ---

narajang wêwalêrira ||

13. ora têmên iku ugi | angawula maring ingwang | sira muliha dèn age | maring nagara Mataram | lah wis sira mangkata | Jasupônta nêmbah matur | bubar sagêgamanira ||

14. nusul mring bang wetan aglis | tan kawarna lampahira | wus kasusul ing lampahe | gêgaman wetan apanjang | wus panggih Jasupônta | lawan Ki Martalayèku | wus amangsit Jasupônta ||

15. Martalaya tampi wangsit | wruh sêmune Jasupônta | anulya bubar lampahe | gêgaman saking ing Sala | mangetan purugira | lampahe gêgaman agung | sakèhe desa kang kambah ||

16. rusak tanêm tuwuhnèki | datan kawarna ing marga | pan sampun prapta lampahe | nagara ing Pasuruan | samarga anjêjarah | sakèh wong desa malêdug | padha angungsi jro kutha ||

17. wong Pasuruan pan sami | sakèhe ngungsi jro kitha | kawara bupatine |Kurang satu suku kata: kawarnaa bupatine. Ki Tumênggung Kapulungan | abaris jroning pura | amalatar barisipun | midêr anjagani pura ||

18. mangkana wadyèng Matawis | sami angêpung nagara | mondhok kidul wetan êlor | dening sakiduling kutha | ika kang tinuguran | amung kulon ingkang suwung | pan kinarya lêlawangan ||

19. liyan ika dèn pêpêti | Ki Tumênggung Kapulungan | têtêgar nèng jro kithane | sarwi ngidêri barisnya | pan sarya undhang-undhang | hèh sakèh kawulaningsun | wong Pasuruan [Pasu...]

--- 8 : 61 ---

[...ruan] sadaya ||

20. dèn prayitna sira benjing | ingong ajak ngamuk sira | mring wong Mataram barise | ingsun ajak barêng pêjah | pan wus dalu sêmana | anuju ing dintênipun | marêngi malêm Jumungah ||

21. amicarèng jroning ati | Adipati Kapulungan | kaya ngapa benjing ingong | yèn ingsun kalakon aprang | môngsa beda lan saban | pasthi yèn kablêdig ingsun | môngsa ngalahna wong kathah ||

22. dening kalane kariyin | duk ingsun prang mungsuh padha | parandening kalah ingong | myang dhingin duk Pasiwalan | pan kêdhik wong Mataram | wong wetan kalintang agung | prandene ngong iya kalah ||

23. Bênrêl kongsi kapacirit | sadalan awêtu tinja | tan bisa mêpêti êbol | mêngko manah yèn mênanga | dhasar mêngko wak ingwang | kari dhewe tanpa batur | wus bosên têmên kabêdhah ||

24. lêng têka minggata mami | sapa yitna ayuwana | pasthi apanjang umure | lah bojo kêbat dandana | ingkang layak kok gawa | payo ngili mêngko dalu | gya Tumênggung Kapulungan ||

25. pan undhang-undhang siraglis | rencangira ingapusan | hèh wong Pasuruan kabèh | padha sira adandana | ing mêngko wong Mataram | sun amuke mêngko dalu | wiyahèn sok kinalahan ||

26. sun baling tan sun têmêni | wong Mataram pan akathah | kalamun ora dalune | gonnya ngamuk wong Mataram | môngsa sira mênanga | yèn mêngko ingamuk [ing...]

--- 8 : 62 ---

[...amuk] dalu | pasthi gagap-gugup ika ||

27. tambuh solah mungsuhnèki | pasthi wong Mataram ika | ara-uru satêmahe | dadya wong Mataram rusak | prang padha rowangira | sapolah-polahe iku | têka tinonton kewala ||

28. sarta sinurakan sami | saking êlor lawan wetan | pasthi bingung satêmahe | iya wong Mataram ika | anuli tinarajang | prat-prot tinumbakan lêbur | pasthi mênang yudanira ||

29. lawan sira nora busik | lah uwis sira dandana | prajurit wus anut kabèh | saêrèhe gustinira | Tumênggung Kapulungan | saksana anuli mundur | rabine binabisikan ||

30. lah payo bojo dèn aglis | dandana gêgawanira | sarta gêgendhonga age | anaa ingkang kinarya | sangu angili ika | lan maninge aja kantun | asangua sêga wedang ||

31. ayya kari sêga aking | lalab tempe lombok abang | sarta uyah têrasine | kene ngong gembole dhawak | bok-êmboke kapisah | lan sira ana dêlanggung | sadaya ingsun ngandhuta ||

32. nora gêgolèki nanging | Ki Tumênggung Kapulungan | sigra kêkambil kapale | aran pun Andaru ika | cêmêng ulêse kuda | sigra rabinira sampun | tinunggangakên ing kuda ||

33. sarwi gêgendhong kang rabi | anèng saluhur ing kuda | ambêntoyong gendhongane | Ki Tumênggung Kapulungan | sigra anuli mêdal |

--- 8 : 63 ---

sarwi têngara tinabuh | alok-alok wêdalira ||

34. lah payo sapa kang kari | pasthi sun karikit sira | wadya samya mangkat age | apan sami aprayitna | sêdya angamuk padha | wadya Mataram angrungu | yèn mêngsah mêtoni ika ||

35. wong Mataram dandan sami | gêgamane sowang-sowang | sampun kêkambil kudane | wong Pasuruan wus mêdal | panyanane narajang | sarêng cêlak lampahipun | Ki Tumênggung Kapulungan ||

36. anggepak ngulon siraglis | tan kandhêg ing lampahira | ing Surabaya jujuge | wong Pasuruan uninga | yèn gustine anggepak | angulon gêndring lumayu | lawan rabine kewala ||

37. angulon paranirèki | ya ta balane sadaya | sami sangêt pêpisuhe | bêndara edan mandhêga | mêngko sun kêthok dhawak | wong Pasuruan gya wangsul | samya mangsuli rabinya ||

38. wong mataram wus udani | gya samya nututi ika | kacandhak jawi kithane | nulya sami tinumbakan | wau wong Pasuruan | kang kacandhak akèh lampus | wus ainêb lawang kitha ||

39. ing dalu datan kawarni | enjang wong Mataram samya | wus angrampit kitha kabèh | nulya samya ngrangsang kitha | nuju dina Jumungah | sêmana duk bêdhahipun | ing jro kitha Pasuruan ||

40. gumuruh swaraning tangis | wus malêbu jroning kitha | wong Mataram sakathahe | sami arêbut boyongan | pan wus binêkta mêdal | kang kutha ingobar sampun | èstrine [è...]

--- 8 : 64 ---

[...strine] wus binoyongan ||

41. miwah jarahane sami | boyongan binêkta mêdal | wus sami praptèng pondhoke | kèh ingkang prajurit samya | lajêng nututi sira | mring kakang Pulungan sampun | kacandhak wontên ing Bendha ||

42. dupi wau aningali | Ki Tumênggung Kapulungan | yèn wong Mataram lampahe | amburu marang ing sira | kudane nandêr kêbat | pan kajêblog kudanipun | rubuh tumênggung lumumpat ||

43. sêga aking kocar-kacir | lumayu akêkadhalan | bojo binêkta sawiyos | sadaya kantun kadhatyan | binoyong wong Mataram | kudane sami rinêbut | Kapulungan dipun bêdhag ||

44. lumayu kawalik-walik | anusup ing galagahan | sambat bojo mati ingong | têka lêsu awak ingwang | angrasa arêp mangan | sêganira wadhang wau | apa ana kari baya ||

45. cilakane awak mami | dene ta nora kayaa | karag kocar-kacir êntèk | jaran ilang bojo ical | sêga iki ya sirna | apa ta ingkang ginugut | darbèk iki padha sirna ||

46. dene kaniaya iki | patagihan têmên ingwang | liwat arêp udud ingong | lah dalah apyunku ilang | ing ngêndi gone rêntah | wong Mataram kang winuwus | kelangan pamburunira ||

47. anuli samya abali | mung bojone kang tinilar | kang binêkta lan jarane | wus prapta ing pamondhokan | wus katur ing gustinya | jarahan wus samya dinum | mring sagung para dipatya ||

--- 8 : 65 ---

48. anulya bubar kariyin | wau Ki Jayasupônta | nglampahi wêling sang katong | rumiyin mring Jasupônta | lampahira wus prapta | sêmana Jurang Parau | sigra anulya rêrangkah ||

49. anèng ing Jurang Palwèki | wong Mataram sigra bubar | wong amit ta kêna mulèh | sagunging para dipatya | samya ngiringkên sira | boyongan samya yu-ayu | pan wus ngaturan uninga ||

50. yèn Arya Jasupôntèki | ing mangke tugur rêrangkah | anèng gunung Paraune | pan ora kêna wong liwat | lêgêg sagung bupatya | Ki Martalaya amuwus | kadipundi iki baya ||

51. lah apa dadine iki | karsane kang Jasupônta | tugur nèng Jurang Palwane | dene têka wong Mataram | tan ana sinung liwat | Dipati Purubayèku | ya ta aris angandika ||

52. iya ing panduga mami | yèn uni iki anaa | ing karsa dalêm bantune | laku maring Pasuruan | sun watara jêng sultan | asung sêrat maring ingsun | Dipati Mandura mojar ||

53. apa si karsane iki | têka ngadhangi dêdalan | arêp nganakakên bae | jaman boya bêcik ika | sampun kakehan ujar | lah nêdha tinêrak purun | Pangran Purubaya mojar ||

54. lah kakang Mandura mangkin | manira turuti dika | Arya Jasupônta kiye | kaya boya wani ika | yèn karsane priyôngga | nanging ing panduganingsun | karya karsane jêng sultan ||

55. Jasupônta iki ugi | tugure [tu...]

--- 8 : 66 ---

[...gure] ing Jurang Palwa | angadhangi liwat ingong | liwating wong ing Mataram | kayapa gèn wania | sasat anggèr ing Matarum | kang atugur Jurang Palwa ||

56. sangêt kaduwung ing galih | wau Ki Arya Mandura | duwe ujar kang balosok | Ngabèi Singawadana | mirsa ujar mangkana | anulya bubar karuhun | wus prapta ing Jurang Palwa ||

57. Singawadana sung warti | lamun Ki Arya Mandura | arsa narajang rangkahe | Ki Arya Jayasupônta | aris dènira ngucap | lah apa karane wurung | wingi nora sida ngrunjang ||

58. lah kakang wruhanirèki | milaningsun tugur ika | nèng Jurang Parau kene | ngalami prentahing sultan | sigra Ki Jasupônta | ya ta nulya bubar wau | saking Jurang Palwa ika ||

59. wong Mataram tumulyaglis | sami langkung lampahira | mantuk dhatêng Matawise | punika sêsangkalannya | trus katiga kang janma |Sengkalan: trus katiga kang janma (1539 A.J.). sampun ing mangkana wau | Kangjêng Sinuhun Ngalaga ||

60. sampun ingaturan mangkin | boyongan sing Pasuruan | langkung suka tyase katong | Pasuruan bêdhahira | sirarya Jasupônta | atur warti gustinipun | yèn Arya Mandurarêja ||

61. kang arsa narajang wani | dhumatêng ing patuguran | rajèng Alaga dêlinge | lah uwis aja dinawa | ujar ingkang mangkana | tan winarna laminipun | wontên antara sawarsa ||

62. sêmana miyos tinangkil | sang aprabu ing Alaga | pêpak sawadyabalane | miwah kang para santana | kang tansah [ta...]

--- 8 : 67 ---

[...nsah] anèng ngarsa | Ki Tumênggung Singaranu | umatur ing sri narendra ||

63. anuhun duka narpati | kawula miyarsa warta | nênggih pun paman ing Paos | bêbesanan lan wong Tuban | sri narendra ngandika | apa rinasanan iku | môngsa paman balilaa ||

64. Jasupônta matur aris | rumuhun duk Pasêdhahan | Dipati Mandura anggèr | apan akarsa narajang | patuguran kawula | angandika sang aprabu | lah ta môngsa mangkanaa ||

53. Kapal nama pun Domba dados jalaran bêdhahipun nagari Pajang dening Mataram

65. si paman Mandura ugi | apan iku ta wong tuwa | môngsa balila atine | anêngakêna sang nata | warnanen Ki Mandura | atur surat karsanipun | maring nagara ing Pajang ||

66. utusan sampun lumaris | datan kawarna ing marga | utusan prapta lampahe | nênggih nagara ing Pajang | sêmana kang utusan | pan sampun awêling atur | dhatêng kang wong tunggu lawang ||

67. apan wus katur anênggih | yèn wontên utusan prapta | dhatêng dipati ing Paos | utusan saking Ki Arya | Mandura ing Mataram | tinimbalan kang ingutus | wus prapta mijil ing ngarsa ||

61. Mijil

1. punang utusan matur wotsari | aturira alon | adipati nampani surate | wus binuka ulêse kang tulis | sinukma ing ati | wau suratipun ||

2. pèngêt layangira Adipati | Mandura awiyos | yayi

--- 8 : 68 ---

Adipati Pajang mangke | kang sampun angsal sih ing Hyang Widi | kapindho Jêng Nabi | Mukamad panutup ||

3. miwah barkat sahabat kêkasih | sakawan winongwong | lan barkate para wali kabèh | ingkang sinare ing nusa Jawi | lawan angsal malih | barkat ing lêluhur ||

4. sêsampunsêsampuning. ing salam donga mami | adhimas awiyos | rêmbag dika lah dinadèkake | yèn andika akarsa ambalik | dhatêng ing Matawis | sêdhêng usumipun ||

5. jêngandika benjang yèn ajurit | lawan jêng sang katong | pan manira ngamuk ing wurine | têka dipun parcaya ing benjing | andêlêna mami | yèn têka ing pupuh ||

6. sampun têlas bêbukaning tulis | saèsthi prayèngong | sampun kawrat ing dalêm surate | Adipati Pajang ngandikaris | mring duta kang prapti | matura anuhun ||

7. kaya nora si kakang nyidrani | yèn dhatêng rêrêmpon | ri kang duta asangêt ature | kadi botên gumingsir ing jangji | angling sang dipati | muliha karuhun ||

8. lah matura si kakang ing benjing | yèn antuk margèngong | datan wurung sun balik ing rajèng | poma si kakang aja nyidrani | utusan sigramit | anêmbah wus mantuk ||

9. sampun prapta ing ngarsaning gusti | aturira alon | rayi paduka ngantos margine | sampun pasthi yèn benjing ambalik | utusan wotsari | wau kang winuwus ||

10. kang kocapa sri bupati mijil | sineba dening [de...]

--- 8 : 69 ---

[...ning] wong | sri narendra aris andikane | ingsun angrungu ing Pajang nguni | ana jaran bêcik | Si Domba ranipun ||

11. lah wong gandhèk lumakua aglis | sira ingsun kongkon | maring Pajang pundhutên jarane | Tambakbaya Si Domba ranèki | kang kinon wotsari | aglis lampahipun ||

12. tan kawarna ing marga wus prapti | ing Pajang kadhaton | Dipati Pajang sineba mangke | nanging Tambakbaya dèrèng nangkil | putusan wotsari | alon aturipun ||

13. sampeyan tampi timbalan aglis | andika sang katong | kinèn mundhut manira jarane | pun Tambakbaya manira iki | adipati angling | dudu jaran ingsun ||

14. lah mêngko sun undange mariki | dipati gya akon | angundanga mring Tambakbayane | lan kudane gawanên dèn aglis | utusan wus prapti | Tambakbaya matur ||

15. jêngandika ngandikan tumuli | dening jêng sang katong | kapal dika kabêktaa mangke | kinarsakkên sang natèng Matawis | Tambakbaya angling | rêngu ulatipun ||

16. abah-abahana dèn agêlis | iya jaran ingong | abah-abah pawatangan bae | apan sampun dipun kêkapani | tinurunkên aglis | Tambakbaya mêtu ||

17. wus anitih kuda sarya angling | eman jaran ingong | singa wong kang nunggangana kiye | manawa ta besuk ingsun mati | singa anduwèni | iya kapal ingsun ||

18. sampun prapta ing pasowan aglis | dipati lingnyalon | kapalira [kapa...]

--- 8 : 70 ---

[...lira] pinundhut ing mangke | dene kangjêng sultan ing Matawis | aturêna bêcik | iku karsaningsun ||

19. Tambakbaya rêngu ulatnèki | ature tan alon | yèn pun Domba pinundhut sang natèng | lêhêng rabi kawula kariyin | pinundhut ing gusti | sumôngga ing atur ||

20. Tambakbaya sigra mundur aglis | nitih kuda cemplo | dèn pêpanas utusan atine | kudanira sigra dèn camêthi | pun Domba anirig | sarwi nyandhak lawung ||

21. dènnya têtêgar sira maripit | wuwuse tan alon | dening eman Si Domba lungane | lamun ingsun iya maksih urip | sun rewangi mati | tan awèh pinundhut ||

22. Tambakbaya kulite jiniwir | wuwuse tan alon | kulit ingsun iki maksih kangge | kalih sasi yèn karyanên jurit | amungsuh Matawis | pantês ingsun purun ||

23. sarya tingkah watange kumitir | sêrêgnya kaprabon | kang utusan dèn pêpanastine | dèn têlasakên solah ing ragi | utusan ningali | dan apamit mantuk ||

24. lampahira sêsandêran aglis | wus praptèng kadhaton | sigra marêk ing sultan sirage | atur sêmbah ri kang duta kalih | sarêng awotsari | kawula umatur ||

25. tuwan utus mring Pajang nagari | mundhut kapalnya wong | Tambakbaya pun Domba wastane | botên suka kapundhut narpati | amêmanas ati | ing sasolahipun ||

26. pan wong Pajang tuhu

--- 8 : 71 ---

yèn ambalik | piangkahe awon | dèn tèkêna wong Mataram mrene | môngsa ingsun ajriha prang jurit | ya ta sri bupati | lintang dukanipun ||

27. sigra mijil sang nata tinangkil | pêpak wadya katong | langkung duka sang nata wijile | jajanyabrit yayah mêtu agni | wadana lir rawi | lathinya kumêdut ||

28. tingalnyadiktingalnyandik. anglir mêtu bahni | wadyabala anon | yèn sang nata asangêt dukane | wadana sami konjêm ing siti | tan angraos urip | sang natangling asru ||

29. boyongana wong Pajang dèn ênting | yèn abôngga kang wong | patènana kabèh wong lanange | wong Mataram wus lêga kang galih | sadaya wotsari | sarêng bubaripun ||

30. wus lumampah sagunging prajurit | wong Pajang binoyong | têlas kabèh gègèr wong desane | kang abôngga samya dèn patèni | sawênèh angungsi | dhatêng kithanipun ||

31. kang kacandhak jinarah kinrikit | dipukang punang wong | sampun têlas kidul nagarane | sampun binêkta dhatêng Matawis | ing Pajang kawarni | adipatinipun ||

32. wus apêpak gêgamaning jurit | pêpak wadyanya wong | Tambakbaya pêpêk gêgamane | kajinêman ingkang dèn kêkisik | samya dèn timbali | kasmaran prang pupuh ||

62. Asmaradana

1. kawan dasa kang prajurit | sami prakosa digdaya | amamêdèni warnane | ajêjenggot palawangan | babrêngos kadi singat | godhèg simbar jajanipun |

--- 8 : 72 ---

pupu malang ajêjembrak ||

2. yèn sinuduk angèsêmi | yèn tinumbak angujiwat | binêdhil suka guyune | kang aran Gêlap Angampar | lawan Juranggêrawah | Langitbêdhah Macan Guguh | lawan pun Sapigumarang ||

3. pun Kalandaru sawiji | Kalamarcu Marcukundha | lan pun Dhudhasalawase | lan pun Edansabêndina | lawan pun Kênènglanat | Jayajegrang ingkang sêpuh | dinulu pating prangangah ||

4. lan pun Rônggalalulalis | lan pun Dêmang Sadaedan | lan Ki Jakaprabangsane | awasta Ki Walanganggas | lawan Pasararungan | Gagakrimang Rôngga Janur | iku pangiriding lampah ||

5. lan pun Suduk Kocar-kacir | lan pun Orakawarasan | Kênèngtulah Salawase | Dhudha Mete-mete ika | lawan pun Jakakawak | lan Ginêpokjêngatngayun | sampun samêkta sadaya ||

6. wong Pajang sampun abaris | pêpak wadyabalanira | Ki Dêmang Jagabayane | kinarya gêdhig manggala | ênêngêna sêmana | kocapa sira sang prabu | ing Mataram siniwaka ||

7. lan sampun amêpak baris | wong Mataram sampun prapta | ambêkta sagêgamane | bupatinira pêpakan | aseba ing ngayunan | ya ta ngandika sang prabu | alah paman ing Mandura ||

8. pakênira kang darbèni | wong Mataram tindhihana | sapa lêleda jurite | sira patenana dhawak | lan uwa Purubaya | si paman Juminah iku | lan dipati ing Sumêdhang ||

--- 8 : 73 ---

9. lawan Dêmang Tanpanangkil | iku sami angiringa | kang dadia pangawate | adipati ing Mandura | angrasa yèn kewuhan | anêdha ing patutipun | umatur ing sri narendra ||

10. dhingin pan sampun ajangji | lawan dipati ing Pajang | mangke aèwêt manahe | yèn ora anglakonana | sangêt sih sri narendra | môngsa sun dadia ratu | apan têpange wus kathah ||

11. sigra bubar ingkang baris | Ki Mandura anèng têngah | tan kawarna ing lampahe | wus praptèng nagari Pajang | sampun ayun-ayunan | atata gêgamanipun | Ki Mandura anèng têngah ||

12. kang dadi pangawat kering | ki dipati ing Sumêdhang | Pangran Juminah kanthine | kang dadi pangawat kanan | Pangeran Purubaya | akanthi lan arinipun | Dêmang Tanpanangkil ika ||

13. Dipati Pajang ngling aris | anèng sajabaning kutha | Ki Tambakbaya têngêne | Dêmang Jagaraga ngarsa | anèng pangawat kanan | Dipati Pajang angrungu | yèn Mandura ngirid lampah ||

14. angrasa adhêm kang ati | dening sanggupe kang kina | angrowangi ing jurite | anêngakêna saksana | enjang sampun atata | ayun-ayunan anguwuh | wong Pajang lan wong Mataram ||

15. sigra têngara tinitir | nulya anêmpuh kang yuda | Dipati Tambakbayane | anarajang wong Sumêdhang | pan sampun katadhahan | angamuk sarowangipun | wong Sumêdhang kathah pêjah ||

16. Dipati Sumêdhang kanin | Tambakbaya

--- 8 : 74 ---

mungsuhira | kêlangkung dening têguhe | nulya Pangeran Juminah | wong Pajang gya tinunjang | dèn amuk sabalanipun | wong Pajang akathah pêjah ||

17. Dipati Pajang nulungi | nanging kêkathahên lawan | Tambakbaya pangamuke | dèn byuk dening wong Mataram | kalangkung karepotan | Ki Tambakbaya lumayu | tur sarwi angundhat-undhat ||

18. Ki Mandura dèn pisuhi | dening cidra ing ubaya | wong Pajang angucap kabèh | ala têmên Ki Mandura | cidra ing jangjinira | wong Mataram samya ngrungu | ginaritakên ing manah ||

19. Ki Mandura witning kardi | sakathahe wong Mataram | sami anitèni kabèh | Dipati Pajang lumajar | lan Arya Tambakbaya | angampiri garwanipun | wus binoncèngakên kuda ||

20. pan dipun balêdig wani | wong Pajang asêsandêran | andarwili sêsambate | lah bojo dèn kukuh sira | manawa sira tiba | binandhang dening ing mungsuh | Ki Tambakbaya wus tiba ||

21. rabine dipun cêkêli | tumulya atilar bala | sarwi angucap rabine | jaran iki kawisuna | yèn ora sun tilara | tinurut saparan ingsun | mari-mari yèn kacandhak ||

22. sampun prapta ing Sêmanggi | sigra numpak ing baita | wong têtiga sampun amot | Ki Dipati Jagaraga | lan Arya Tambakbaya | Dipati Pajang nèng ngayun | lampahe adhêdhayungan ||

23. wong Mataram anyêkêli | jaran kang aran Ki Domba | kapal kêna katigane |

--- 8 : 75 ---

kang darbe wus kapalajar | wong Pajang jinarahan | kêbo sapi donyanipun | binakta maring Mataram ||

24. wus tinanahakên sami | parane Dipati Pajang | ing Surabaya jujuge | wong Mataram sampun bubar | datan kawarnèng marga | prapta ing Mataram sampun | kangjêng sultan siniwaka ||

25. wus katur sadaya sami | kapal kang aran Si Domba | sarta lawan boyongane | pan sampun katur sadaya | suka sri naranata | Dipati Pajang dinangu | ngêndi kang dèn ungsi iya ||

26. kang tinanya atur bêkti | inggih dhatêng Surapringga | katiga pisan jujuge | sri narendra angandika | lah kakang Martalaya | sira sun utus anglurug | lan Si Arya Jasupônta ||

27. padha cawisa kariyin | sadandananing ayuda | wong Sèwu numbakanyare | wong Bumija acawisa | lan sira utusana | mring Pathi awèha wêruh | sultan anglurug mring Tuban ||

54. Nagari Tuban kabêdhah dening wadyabala Mataram

28. sigra jêngkar sri bupati | malêbêt ing dhatulaya | datan winarna lamine | wong Mataram wus siyaga | dipati ing Santênan | wus angadêg barisipun | anganthi wadya Mataram ||

29. sang nata miyos tinangkil | pêpak wadyabalanira | samêkta lan gêgamane | Adipati Martalaya | lan Arya Jasupônta | wus winêling de sang prabu | Martalaya awotsêkar ||

--- 8 : 76 ---

30. angandika sri bupati | lah uwis sira bubara | dèn prayitna ing yudane | para mantri samya nêmbah | wus bubar sing ajêngan | wadya untape kumutug | gêgaman sampun lumampah ||

31. datan kawarna ing margi | sigêgên ing lampahira | ingkang winangsulan malèh | praptane Dipati Pajang | lawan Ki Tambakbaya | wau ta ingkang tinutur | praptane ing Surabaya ||

32. dipati ing Surabanggi | sêmana arsa tumandang | saking asangêt marmane | dipati ing Surabaya | mring Arya Tambakbaya | apan sinisalin sampun | dipati ing Tambakbaya ||

33. saksana umatur aris | wau Arya Tambakbaya | mring natèng Surabayane | kawula matur ing tuwan | sampun tuwan atandang | bilih tan nôngga pukulun | ing yudane wong Mataram ||

34. inggih prayayi Matawis | tan wontên braja tumama | dening kaliwat têguhe | pangeran ing Purubaya | wontên malih digdaya | Dipati Balitar iku | lan Dipati Upasônta ||

35. lawan wontên malih sêkti | Dipati Mandurarêja | lawan wontên lêwih malèh | dipati ing Pringgalaya | wontên malih punika | Pangeran Pugêr puniku | kabèh sami digdayanya ||

36. dipati ing Surabanggi | kalangkung duka ing nala | nanging tan kawêdal linge | bêdhile agêm punika | nulya pinundhut enggal | ya ta ingisenan sampun | sarta mimise kancana ||

37. sinambut kang punang bêdhil | dipati ing

--- 8 : 77 ---

Tambakbaya | sinipat kêna jajane | dipati ing Surabaya | duka awor sihira | dening mimis kang dhumawuh | iing. jajane Tambakbaya ||

38. apan gèpèng punang mimis | anulya aglis cinandhak | mring Arya Tambakbayane | wus katur sang adipatya | mimis gèpèng punika | lah punika wartinipun | kêkalahane sang nata ||

39. dipati ing Tambakbanggi | jinunjung ing lungguhira | mring natèng Surabayane | jênêng Dipati Sanjata | nuli ingambil putra | pan sampun ingambil mantu | atut dènira akrama ||

40. ingkang kawarnaa malih | lampahira wong Mataram | apan wus lêpas lampahe | yèn dalu rêrêb rêrangkah | enjing bubar lampahnya | tan ana mawi pakewuh | lampahe wadya Mataram ||

41. datan kawarna ing margi | wus praptèng nagari Tuban | wong Pathi golong lampahe | wadya Tuban rinayahan | kalangkung kagegeran | wong Tuban sami lumayu | angungsi sajroning kutha ||

42. wong Lasêm sami angili | miwah wong desa sadaya | ngili mring Tuban parane | dening dipati ing Tuban | pan sampun aputusan | dhatêng Madura karuhun | panêdha tinulangana ||

43. miwah ta ing Surabanggi | sami jinalukan tandang | Dipati Surabayane | anjagèng kitha priyôngga | milane tan lumampah | amung ta utusanipun | adipati ing Sanjata ||

44. prajurit kaplayu dhingin | kêkalahan saking Pajang | Ki Arya Tambakbayane | jinunjung

--- 8 : 78 ---

linggih Dipatya | Sanjata aranira | punika kang kinèn bantu | maring nagari ing Tuban ||

45. Jagaraga kinèn ngirid | gêgaman ing Surabaya | wus bubar sagêgamane | miwah gêgaman ing Sampang | wus abantu mring Tuban | amung sèwu kathahipun | wus manjing kutha ing Tuban ||

46. sapraptanira ing Tubin | apan sampun sinuguhan | ênêngêna caritane | warnanên baris Mataram | pan sampun tatan-tatan | wong Mataram pondhokipun | kidule kutha ing Tuban ||

47. dening Adipati Pathi | barise kilèn ing kitha | sampun dadi dêdalane | biting lumampah akarya | jagang angrangsang kutha | punika ing karsanipun | sampun anêmbang têngara ||

48. sampun lumampah kang baris | wong Mataram ngrangsang kutha | umyang gumuruh surake | arame abêbêdhilan | sampun rame kang yuda | surake lir gunung rubuh | kadi ombaking samodra ||

49. sigra wong Mataram aglis | anulya angangsêg kitha | marakakên tingkês age | sêdyane anampyok kitha | ramya abêbêdhilan | aglis wong ing Tuban wau | marakakên bêdhil braja ||

50. awasta pun Sidamurti | saiji aran pun Gêlap | nulya ngunèkakên karo | pun Sidamurti apasah | tugêl dadi têtiga | pun Gêlapan sampun rêmpu | Dipati Tuban anjola ||

51. tugêle pun Sidamurti | èmêng tyase rajèng Tuban | kinarya têngêran gêdhe | wasiyat ing kina-kina |

--- 8 : 79 ---

yèn bêdhil iku pêcah | pêsthi Tuban lêburipun | tan ana ing jayanira ||

52. prangira kasaput wêngi | mundur Adipati Tuban | amicara jro manahe | kaya ngapa yèn mênanga | lamun ingsun jurita | wasiyat kina wus rêmpu | lan wong Mataram akathah ||

53. sampun malêbêt ing puri | pinarêk lan para garwa | dipati lêsu awake | alon dènira ngandika | sira Dipati Tuban | pa gene badan alêsu | bojo sira adandana ||

54. pêtha bakal ingkang lari | lawan sira gêgendhonga | aja kari kêkêndhile | ingkang garwa nuli dandan | polahe kagugupan | sarêng wanci têngah dalu | panakawan tinimbalan ||

55. panakawaspanakawan. wus winangsit | padha sira gamêlana | paseban jaba dèn rame | gêgaman dimèn malatar | akukuh yudanira | mêngko ingsun arsa ngamuk | poma aja obah-obah ||

56. sampun wayah têngah wêngi | Dipati Tuban wus mangkat | binêkta amung bojone | gamêlan sampun tinêmbang | arame giyak-giyak | Dipati Tuban wus mêtu | amarga ing bêbutulan ||

Lajêng nyandhak jilid: 9.

--- 8 : [0] ---

Isinipun

50. Nata ing Mataram tindak badhe nêlukakên Wirasaba. (Asmaradana, Dhandhanggula). ... kaca 18

51. Para Adipati ing Bang Wetan sami saekapraya badhe anggêpuk Mataram. (Dhandhanggula, Asmaradana, Dhandhanggula, Durma). ... kaca 31

52. Nagari Lasêm tuwin Pasuruhan dipun bêdhah dening wadyabala Mataram. (Durma, Asmaradana). ... kaca 56

53. Kapal nama pun Domba dados jalaran bêdhahipun nagari Pajang dening Mataram. (Asmaradana, Mijil, Asmaradana). ... kaca 67

54. Nagari Tuban kabêdhah dening wadyabala Mataram. (Asmaradana). ... kaca 75