Sastra Jawa

Program Digitalisasi Sastra Daerah

  • Increase font size
  • Default font size
  • Decrease font size

Babad Tanah Jawi, Balai Pustaka, 1939-41, #1024 (Jilid 09)

Katalog:Babad Tanah Jawi, Balai Pustaka, 1939-41, #1024
Sambung:
1.Babad Tanah Jawi, Balai Pustaka, 1939-41, #1024 (Jilid 01). Kisah, Cerita dan Kronikal | Babad Tanah Jawi #1010.
2.Babad Tanah Jawi, Balai Pustaka, 1939-41, #1024 (Jilid 02). Kisah, Cerita dan Kronikal | Babad Tanah Jawi #1011.
3.Babad Tanah Jawi, Balai Pustaka, 1939-41, #1024 (Jilid 03). Kisah, Cerita dan Kronikal | Babad Tanah Jawi #1012.
4.Babad Tanah Jawi, Balai Pustaka, 1939-41, #1024 (Jilid 04). Kisah, Cerita dan Kronikal | Babad Tanah Jawi #1013.
5.Babad Tanah Jawi, Balai Pustaka, 1939-41, #1024 (Jilid 05). Kisah, Cerita dan Kronikal | Babad Tanah Jawi #1014.
6.Babad Tanah Jawi, Balai Pustaka, 1939-41, #1024 (Jilid 06). Kisah, Cerita dan Kronikal | Babad Tanah Jawi #1015.
7.Babad Tanah Jawi, Balai Pustaka, 1939-41, #1024 (Jilid 07). Kisah, Cerita dan Kronikal | Babad Tanah Jawi #1016.
8.Babad Tanah Jawi, Balai Pustaka, 1939-41, #1024 (Jilid 08). Kisah, Cerita dan Kronikal | Babad Tanah Jawi #1017.
9.Babad Tanah Jawi, Balai Pustaka, 1939-41, #1024 (Jilid 09). Kisah, Cerita dan Kronikal | Babad Tanah Jawi #1018.
10.Babad Tanah Jawi, Balai Pustaka, 1939-41, #1024 (Jilid 10). Kisah, Cerita dan Kronikal | Babad Tanah Jawi #1019.
11.Babad Tanah Jawi, Balai Pustaka, 1939-41, #1024 (Jilid 11). Kisah, Cerita dan Kronikal | Babad Tanah Jawi #1020.
12.Babad Tanah Jawi, Balai Pustaka, 1939-41, #1024 (Jilid 12). Kisah, Cerita dan Kronikal | Babad Tanah Jawi #1021.
13.Babad Tanah Jawi, Balai Pustaka, 1939-41, #1024 (Jilid 13). Kisah, Cerita dan Kronikal | Babad Tanah Jawi #1022.
14.Babad Tanah Jawi, Balai Pustaka, 1939-41, #1024 (Jilid 14). Kisah, Cerita dan Kronikal | Babad Tanah Jawi #1023.
15.Babad Tanah Jawi, Balai Pustaka, 1939-41, #1024 (Jilid 15). Kisah, Cerita dan Kronikal | Babad Tanah Jawi #1024.
16.Babad Tanah Jawi, Balai Pustaka, 1939-41, #1024 (Jilid 16). Kisah, Cerita dan Kronikal | Babad Tanah Jawi #1025.
17.Babad Tanah Jawi, Balai Pustaka, 1939-41, #1024 (Jilid 17). Kisah, Cerita dan Kronikal | Babad Tanah Jawi #1026.
18.Babad Tanah Jawi, Balai Pustaka, 1939-41, #1024 (Jilid 18). Kisah, Cerita dan Kronikal | Babad Tanah Jawi #1027.
19.Babad Tanah Jawi, Balai Pustaka, 1939-41, #1024 (Jilid 19). Kisah, Cerita dan Kronikal | Babad Tanah Jawi #1028.
20.Babad Tanah Jawi, Balai Pustaka, 1939-41, #1024 (Jilid 20). Kisah, Cerita dan Kronikal | Babad Tanah Jawi #1029.
21.Babad Tanah Jawi, Balai Pustaka, 1939-41, #1024 (Jilid 21). Kisah, Cerita dan Kronikal | Babad Tanah Jawi #1030.
22.Babad Tanah Jawi, Balai Pustaka, 1939-41, #1024 (Jilid 22). Kisah, Cerita dan Kronikal | Babad Tanah Jawi #1031.
23.Babad Tanah Jawi, Balai Pustaka, 1939-41, #1024 (Jilid 23). Kisah, Cerita dan Kronikal | Babad Tanah Jawi #1032.
24.Babad Tanah Jawi, Balai Pustaka, 1939-41, #1024 (Jilid 24). Kisah, Cerita dan Kronikal | Babad Tanah Jawi #1033.
25.Babad Tanah Jawi, Balai Pustaka, 1939-41, #1024 (Jilid 25). Kisah, Cerita dan Kronikal | Babad Tanah Jawi #1034.
26.Babad Tanah Jawi, Balai Pustaka, 1939-41, #1024 (Jilid 26). Kisah, Cerita dan Kronikal | Babad Tanah Jawi #1035.
27.Babad Tanah Jawi, Balai Pustaka, 1939-41, #1024 (Jilid 27). Kisah, Cerita dan Kronikal | Babad Tanah Jawi #1036.
28.Babad Tanah Jawi, Balai Pustaka, 1939-41, #1024 (Jilid 28). Kisah, Cerita dan Kronikal | Babad Tanah Jawi #1037.
29.Babad Tanah Jawi, Balai Pustaka, 1939-41, #1024 (Jilid 29). Kisah, Cerita dan Kronikal | Babad Tanah Jawi #1038.
30.Babad Tanah Jawi, Balai Pustaka, 1939-41, #1024 (Jilid 30). Kisah, Cerita dan Kronikal | Babad Tanah Jawi #1039.
31.Babad Tanah Jawi, Balai Pustaka, 1939-41, #1024 (Jilid 31). Kisah, Cerita dan Kronikal | Babad Tanah Jawi #1040.

Regi f 0.50

Babad Tanah Jawi

Jilid: 9

Bale Pustaka - Batawi Sèntrêm

--- 9 : [1] ---

Serie No. 1289h

Babad Tanah Jawi

Jilid: 9

Mataram nêlukakên Tuban, Madura, Surabaya, Pathi tuwin Giri

Bale Pustaka - Batawi Sèntrêm - 1940

--- 9 : [2] ---

Wêwênangipun ingkang ngarang kaayoman miturut anggêr ingkang kapacak ing Sêtatsêblad 1912 No. 600

--- 9 : [3] ---

Nagari Tuban kabêdhah dening wadyabala Mataram

57. ki dipati wus lumaris | sampun anumpak ing palwa | anulya alayar age | angetan palayarira | arsa angungsi arga | ênêngêna kang lumaku | ucapên sajroning pura ||

58. dhumatêng raina malih | arame aprang malatar | panakawan pan arame | jêjogedan têtabuhan | anèng paseban jaba | wong dalêm eca ing kalbu | gustinya dèn nyana nendra ||

59. Dipati Jagaragèki | lan dipati ing Sanjata | puniku kang wêruh dhewe | yèn Dipati Tuban minggat | sami abêbisikan | ngajak minggat mangke dalu | Dipati Sanjata ngucap ||

60. punapi karsanirèki | inggate Dipati Tuban | nilibakên palayune | ngong sira ginawe pakan | amagut wong Mataram | boya eca raosipun | boya wande kathetheran ||

61. nêdha padha angloloni | sapa kang yitna yuwana | tan wurung sira kapunte | anulya sami adandan | wong roro kalithihan | Ki Sanjata alon mêtu | lan Dipati Jagaraga ||

62. Dipati Sanjata angling | wus takdire wong ing Tuban | prajane seje kang duwe | wong Madura wus uninga | Dipati Tuban minggat | amuwusa baturipun | alah payo padha bubar ||

63. wruhanira dèn apusi | dening Si Dhèndhèng ing Tuban |

--- 9 : 4 ---

sira iki kari dhewe | wong Madura nuli bubar | mêdal sing pêpungkuran | sampun numpak ing parau | warnanên bala ing Tuban ||

64. sadayane wus udani | yèn bandarane wus minggat | miwah asêsuruhane | anulya bubar sadaya | rêbat Koripan dhawak | angalor dènnya lumaku | sami arêbat baita ||

65. wong wadon pating jalêrit | swaraning tangis aumyang | ingkang kelangan lakine | kapisah lan yayah rena | sami abilulungan | arame rêbat parau | sawênèh agêgujêngan ||

66. satêpining kang jaladri | tangis lir pendah ampuhan | arame rêbut ênggone | sawênèh ingkang baita | sarat dening têtiyang | ya ta kèrêm kang parau | têtiyang pating kurambang ||

67. wong Matawis wus udani | yèn kitha lèr sampun bêdhah | sampun suwung kadhatone | wong Mataram sigra mangkat | sami angrangsang kitha | sadaya sampun malêbu | lawange sampun abêdhah ||

68. wong malêbêt jroning puri | sami arêbat boyongan | Dipati Ngawôngga age | angungsi dhatêng Balega | wong Tuban kang kacandhak | prasamya ginawa mêtu | dinum lir pendah rancapan ||

69. sêsampunira waradin | nulya bubar wong Mataram | datan winarna lampahe | sampun prapta ing Mataram | sagunging wadyabala | kang têka sampun akumpul | atata sapêrnahira ||

70. sang nata sampun tinangkil | pêpak wadyabalanira | kang anglêrurug [anglêru...]

--- 9 : 5 ---

[...rug] prapta kabèh |Lebih satu suku kata: kang anglurug prapta kabèh. wus marêk dhatêng narendra | ngaturakên boyongan | sadaya pan sampun katur | nata tyas lir guladrawa ||

55. Madura dipun lurugi wadyabala Mataram

63. Dhandhanggula

1. langkung suka tyasira narpati | gya ginanjar kang saking ayuda | wus warata ganjarane | Arya Jasupôntèku | apan sampun jinunjung linggih | sinung nama Dipatya | Sujanapurèku | sami ngèstrèni sadaya | pra bupati wus misuwur sakathahing | wong Mataram sadaya ||

2. ri sampuning gêganjar narpati | datan kawarna ing laminira | sang nata sineba malèh | pêpak wadyèng Matarum | angandika sri narapati | hèh Dipati Sujana | pura dèn mring ngayun | lah ngong duta mangkya kita | anglurugi mring nagri kang durung radin | Madura unggahana ||

3. angirida wadya ing Matawis | kita nitihana ing ayuda | lan wong pasisir sakèhe | adunên ing prang pupuh | wong ing Dêmak lawan wong Pathi | Lasêm lan ing Juwana | Kalinyamat Kudus | Kaliwungu lan ing Kêndhal | Pakalongan Batang Pamalang Tatêgil | Barêbês Wirasaba ||

4. Sumêdhang Wiradêsa ja kèri | iku kita adua ayuda | sang nata sigra ling malèh | mring Tumênggung Singranu | sira utusana tumuli | mring sakèh wadyaningwang | wong pasisir iku | ing Badholèng patêmonna | tatan-tatan Sujanapura wotsari | myang pra mantri sadaya ||

5. numbakanyar [numba...]

--- 9 : 6 ---

[...kanyar] lan mantri Panumping | sadaya sampun samyatur sêmbah | sampun bubar gêgamane | apan bubar karuhun | kang gêgaman mantrinya lagi | bubar saking pasowan | anindhihi laku | ing gêgaman ing ayuda | tunggal ing prang lawan Sujanapurèki | gya lampahing carita ||

6. tan kawarna lampahirèng margi | ing Bêdholèng apan sampun prapta | gêgaman pasisir kabèh | sigra mêpak parau | sakyèh ingkang pasisir sami | miwah baita tundhan | têtungganganipun | sakèh gêgaman Mataram | Tumênggung Sujanapura dèn aturi | ran baita lêlanang ||

7. punika ingkang dipun titihi | dening Dipati Sujanapura | sakyèh pra dipati kabèh | wus samya nitih prau | miwah wong Mataram kang cili | wus samya munggèng palwa | bubar layar sampun | ting karêtap katingalan | saking ing doh lir pêksi nglayang tumiling | kadya kontul rêratyan ||

8. wus prapta ngrampit ing Surabanggi | ya ta Sinisiyung kang nagara | kagegeran wong ciline | angungsi kithanipun | dadya nagri ing Surabanggi | datan atulung sira | mring Madura iku | anjaga kitha priyôngga | kawarnaa gêgaman agêng jaladri | wus ngungak ing Madura ||

9. sigra prapta têpining gêgisik | kawarnaa wadyèng ing Madura | wus pêpak nèng pasisire | samya ajagèng kewuh | wong Mataram praptanirèki | inggahipun jinaga | yun-ayunan sampun | bêdhil-binêdhil aramya |

--- 9 : 7 ---

swaraning kang surak lir karêngèng langit | wong Mataram krepotan ||

10. datan olèh papan ing ajurit | wadyèng Mataram akathah pêjah | akathah kanin undure | nanging wadya Matarum | kang tan kanin mêksa angungkih | ing kapurunanira | nanging ta katangguh | alami gènira aprang | kawarnaa prajurit Madura mangkin | samya arêrêmbagan ||

11. Dipati Sampang lan Surabanggi | Sumênêp Balega Pakacangan | samya gunêm ing wêngine | Dipati Sampang muwus | kadipundi karsanirèki | sakèh para dipatya | mênggah juritipun | wong Mataram iki uga | sampun tita tan bôngga ing dika sami | mangke karsa manira ||

12. bok dimène munggah wong Matawis | ing dharatan dene yèn wus munggah | nêdha ingantêp jurite | pasthi iku yèn lêbur | yèn mêkètên kang wong Matawis | punika bubar pisan | ing pangarah ingsun | pasthi lêbur dening toya | wong Mataram kaya nora mangsah malih | bupati wus mupakat ||

13. wus sami ngundhangakên tumuli | mring sakathahe para prawira | sami kinèn dhêdhêp kabèh | dene mêngko yèn sampun | padha munggah wadya Matawis | têlas sabaturira | nêdha nuli ngamuk | pasthi tumpês wong Mataram | ênêngêna wadya Madura kariyin | kocapa Janapura ||

14. dawêgira yun abôngga sami | anèng têngahing jaladri sira | bupati ngutusan kabèh | kinèn sami tumurun | anitiha baita [ba...]

--- 9 : 8 ---

[...ita] alit | gya dipati ing Dêmak | prapta minggah sampun | ing palwane Janapura | sigra sakèh bupati pan sami prapti | nitih baita sampan ||

15. prasamya adhêdhayungan sami | wênèh jungkung tinitihan ika | ana nitih jêjatène | parau kathah dulur | sampun prapta sadaya sami | minggah para dipatya | mring baitanipun | Tumênggung Sujanapura | Kya Tumênggung Sujanapura sigrangling | ngantêp para dipatya ||

16. kadipundi ing karsa puniki | gènnya jurit pan sampun alama | datan wontên wêkasane | wong cili kathah lampus | dening karsa manira mangkin | lah sami ngawakana | pra bupatinipun | sami wontêna ing ngarsa | sakèh para prawira maguta dhingin | bupati nindhihana ||

17. lamun silih pinapag ing jurit | sakathahe kang wong sasêliran | nêdha sami ngamuk age | ywana ngucirèng laku | nêdha jangji sarênga mati | pra bupati sadaya | sampun sami rêmbug | wus sami aprajangjian | nêdha mangke sami mangkat bangun enjing | minggah dhatêng dharatan ||

18. sampun rêmbag sagung pra dipati | nulya sarêng mulih wangsulira | mring palwane dhewe-dhewe | sagung wadyabalèku | ingundhangan wus sami cawis | ing latri kawarnaa | sampun bangun esuk | sami minggirakên palwa | pra prajurit lampahe arêbut dhingin | tan ana sabawanya ||

19. sami minggah sadaya aririh | kang prajurit sami aprayitna | wus prapta ing dharat age | nata gêgaman [gêga...]

--- 9 : 9 ---

[...man] sampun | kang wadyalit wus sami prapti | miwah wadya Mataram | sadaya wus rawuh | anèng dharatan atata | wus raina gêgaman sampun tumindhih | wong pasisir busêkan ||

20. wontên dene wadya ing Matawis | sampun amiranti bêdhilira | kalantaka mariyême | myang bêdhile lah êbum | lan anakan sampun miranti | kalayan malih ika | papan sampun antuk | langkung pêpêt papanira | kawarnaa dipati ing Sampang mangkin | sarêng wayah raina ||

21. nulya akèn amriksaa aglis | dutanira pan sampun uninga | yèn wadya Mataram mangke | sampun prapta sadarum | sakancane para bupati | wus tata barisira | miwah bupatyagung | sampun acawis sadaya | gêgamane mudhun saking palwa aglis | wus munggah dhatêng dharat ||

22. wong Sampang sigra têngara aglis | kagegeran punang bêbarisan | de kadhinginan papane | dening prajuritipun | samya lena tan nyana mangkin | lamun wadya Mataram | angunggahi dalu | dahat gugup tatanira | wong Madura wontên dene wong Matawis | suraknya bal-ambalan ||

23. wong Madura agya amêdali | pating bulasik tatane ika | watêk kasusu lakune | gugup kasêlak rawuh | wong Mataram wus ambêdhili | wong Sampang kathah kêna | ing mimis kyèh lampus | dening wus kaparantean | singa mara-mara wong Sampang kèh mati | kang mundur binayangan ||

24. dadya sakathahe [saka...]

--- 9 : 10 ---

[...thahe] pra dipati | ing Madura mangke karsanira | sami angawaki dhewe | sêdya ngantêp prangipun | adipati papat akait | sampun sami prasêtya | nêdya sarêng ngamuk | kalawan wong Pamêkasan | sampun sami asêdya ngantêp ajurit | lêlêbur anèng kitha ||

25. Ngarisbaya Balega akait | Sumênêp Madura myang Dipatya | Sampang nurut ing rêmbuge | sarêng dados ing rêmbug | sigra muni têngara jurit | suraknya asauran | lir rob sagaragung | angrok lan swarèng sanjata | kalantaka sauran lan bêdhil alit | gumrudug swaranira ||

26. ramening prang lir rêbah kang langit | swaranira wong Sampang Madura | prangira kyèh pêpatine | wong Mataram kyèh luput | paran dènnya mêksa angungkih | tandangnya wong Madura | sadaya bêg lampus | samya prajurit kewala | kang anêmpuh ana dene wong Matawis | sigra mara nêmpuh prang ||

27. prajurite samya angawaki | wong Mataram angantêp ing yuda | miwah wong Pasisir kabèh | para bupatinipun | sarêng sami nêmpuh ing jurit | datan nêdya mundura | angantêp pêpurun | dahat ramya kang ayuda | wong Madura prajurite ngantêp wani | datan arsa mundura ||

64. Durma

1. prajurite wong Mataram kang narajang | aran pun Jagapati | polahe lir macan | babal tinub ing watang | wong Mataram anagahi | pan sampun pêjah | ana prajurit malih ||

2. anarajang kang aran pun Jayèngkara | lawan pun Jayèngpati |

--- 9 : 11 ---

lan Jayèngingrana | kapat Suradilaga | kalima pun Surèngpati | lan Jayabrata | lan Rôngga Gobag-gabig ||

3. ana malih Ki Dêmang Sabuk Balungkang | lan Rôngga Obang-abing | lawan Dêmang Lata | lan Dêmang Cukakakan | lawan Rôngga Thona-thani | lan Bragajagan | lan Dêmang Golang-galing ||

4. parêng nêmpuh kadi ta liman amêta | surak gumuruh atri | wong Sampang kèh pêjah | dening Dipati Sampang | pêrangipun nguciwani | sampun malayya | binrêg ing wong Matawis ||

5. wong Madura akathah ingkang kaplajar | dipatine angisis | pan sampun lumajar | dipati ing Madura | Sumênêp sampun anggêndring | lan ing Balega | lumayu tan anolih ||

6. wus binêrêg wong Sampang mring wong Mataram | pamburune angungkih | wong Mataram ika | dhumatêng wong Madura | wong Sampang sigra abali | ngamuk sadaya | dhumatêng wong Matawis ||

7. pan kalindhih pêrangira wong Mataram | akathah ingkang mati | dèn amuk wong Sampang | wong Mataram sêmana | palayune datan nolih | sira Dipatya | Janapura winarni ||

8. pan angêkêp anèng jroning pasanggrahan | eca kasukan nênggih | pan abêbadhayan | sigra kang ngamuk prapta | sêmana Sang Adipati | Sujanapura | anuli dèn larihi ||

9. kêna jajanira têrus ing walikat | tan antara ngêmasi | ri sampuning pêjah | Dipati Janapura | saksana mundur tumuli | kang ngamuk ika | sêmana

--- 9 : 12 ---

wong Matawis ||

10. arêrangkah angandêli bitingira | ya ta kawarnèng latri | mangkya wong Mataram | sadalu gêgunêman | tan ana wani mêtoni | yèn apêranga | wau ingkang winarni ||

11. Pangeran Silarong wau rêmbagira | mantuk dhatêng Matawis | ngaturi uninga | dhumatêng kangjêng sultan | Pangeran Silarong aglis | numpak ing palwa | tan kawarna ing margi ||

12. gêgancangan lampahe praptèng Mataram | wus malêbêt ing puri | umatur jêng sultan | amba matur ing tuwan | kawulatur pati urip | tiwas kawula | kawone wong Matawis ||

13. pun Adipati Sujanapura pêjah | wingwrin wadya Matawis | tan purun maguta | yudane wong ing Sampang | lêgêg sang sri narapati | ya ta ngandika | Kangjêng Sultan Matawis ||

14. hèh Silarong kaya ngapa karêpira | ing mêngko wong Matawis | yèn mêngkono iya | apa kinèn mundura | Pangran Silarong turnyaris | atur kawula | nuhun duka narpati ||

15. yèn suwawi yèn karsa paduka nata | pun kaki Juru Kithing | tuwan lampahêna | dhatêng ing Pamêkasan | kagyat tyasira narpati | apa agêsang | si kaki juru mangkin ||

16. yèn mêngkono kaki juru timbalana | lampahêna dèn aglis | mring nagara Sampang | sigra sang adipatya | nuhun amit ing sang aji | sigra pangeran | kakêbatan lumaris ||

17. siyang dalu datan kandhêg lampahira | tan kawarna ing margi | pangeran wus prapta |

--- 9 : 13 ---

ing ngarsane kang eyang | kang nama Kya Juru Kithing | ya ta kang wayah | pan sampun angujungi ||

18. kyai juru anapa kang wayah prapta | lah bagea sirèki | nyawa putuningwang | bayana karyanira | Pangran Silarong siraris | matur kang eyang | inggih kawula kaki ||

19. pan ingutus dening wayah jêngandika | Kangjêng Sultan Matawis | ngaturi uninga | kaki dhatêng sampeyan | rusaking tiyang Matawis | nglurug Madura | rusak kawon ing jurit ||

20. pun Tumênggung Sujanapura kang pêjah | ingamuk ing ajurit | yèn sawawi eyang | sampeyan lumampaha | dhumatêng Sampang nagari | ingkang ngajuma | têtiyang ing Matawis ||

21. lamun sampun wilujêng tiyang Mataram | nuntên apranga malih | sampeyan ngabêna | kyai juru ngandika | wis lali ingsun ajurit | lan ora kêlar | lumaku kaya dhingin ||

22. Adipati Silarong aris ngandika | atur kawula kaki | suwawi nitiha | tandhu ingkang prayoga | iya Kyai Juru Kithing | adan lumampah | wus prapta ngarsa aji ||

23. gancanging carita pan sampun ingatag | dening Sultan Matawis | dhatênga ing Sampang | kyai juru wus mangkat | datan kawarna ing margi | wus prantèngpraptèng. Sampang | panggih lan wong Matawis ||

24. wus apanggih lan pra nayaka sadaya | sami enggar kang galih | kyai juru prapta | mantri bêkti sadaya | enjinge tinata aglis | tiyang Mataram | kang sami mati jurit ||

25. wus ginêntèn ing anak kang

--- 9 : 14 ---

duwe anak | kang tanpa anak nênggih | sadulur punika | gêgêntine sêmana | yèn tanpa sêdulur nênggih | sanak ing sanak | ika kang anggêntèni ||

26. yèn tan darbe sanak lawan nak ing sanak | patinggi kang gêntèni | sampun ing mangkana | enjang kang kawarnaa | kyai juru tumulyaglis | angliwêt ika | ing kakêndhilirèki ||

27. wusing matêng kang sêga dinum saksana | wrata sawong Matawis | tanna kaliwatan | agêng alit warata | sampuning sêga binukti | wong ing Mataram | sadaya sami wani ||

28. agya wong Mataram wus sami ingatag | tumungkul ing pratiwi | tumênga ngakasa | ri sampuning mangkana | pinajêngakên ngajurit | praptèng ing rama | wus jêng-ajêngan baris ||

29. kang kocapa wau têtiyang Madura | apan samia wêdi | wruh mring wong Mataram | tan purun apêranga | mapag yudane Matawis | tiyang Madura | waose dèn bongkoki ||

30. miwah sanjata lanang wus binongkokan | nuli abiluk sami | wong Sampang sêmana | suguh katur sadaya | gancanging carita mangkin | saksana bubar | sakèhing wong Matawis ||

31. lampahira ingiring wong ing Madura | ing Sampang datan kari | miwah ing Balega | Pakacangan Risbaya | punika kang biluk sami | datan kawarna | ing marga lampahnèki ||

32. ing Madura sampun binoyong sadaya | mung kitha Sampang nênggih | kang nora rinusak | dene anungkul [anungku...]

--- 9 : 15 ---

[...l] ika | ya ta mundur wong Matawis | ngiringkên ika | boyongan agêng alit ||

33. Adipati Arisbaya ngungsi ika | dhatêng ing Giripuri | dening dipatinya | ing Sumênêp sêmana | kasikêp de wong Matawis | sampun binêkta | anulya dèn suduki ||

34. Rajèng Pamêkasan wau pêjahira | anèng paranirèki | Dipati Balega | binêkta mring Mataram | apan kinèn amêjahi | mring kangjêng sultan | kapapag anèng margi ||

35. gènnya nuwêg ing jurang jêro sêmana | dening makamirèki | pan dadi karamat | kocap Dipati Sampang | dènnya ambêkta wong cili | sèwu kathahnya | aseba mring Matawis ||

36. sinangkalan obah kapati kang jagat |Sengkalan: obah kapati kang jagat (1546 A.J.). ri sêsampuning prapti | têtiyang Mataram | wau Dipati Sampang | sapraptane ing Matawis | dadi tontonan | sigra manjing kithaglis ||

37. sapraptane sajroning kitha Mataram | sang nata wus tinangkil | pêpak wadyanira | kang anglurug wus prapta | ing alun-alun ngêbêki | Dipati Patya | sampun marêk tur bêkti ||

38. langkung suka tyasira sri naranata | sigra ngandika aris | Adipati Sampang | sira sun aku sanak | Dipati Sampang ngabêkti | langkung jrihira | muka konjêm ing siti ||

39. wus ginanjar sira dipati ing Sampang | miwah Dipati Pathi | busana lan arta | kancana mas salaka | lawan wadya ing Matawis | wus ginanjaran | agêng alit waradin ||

40. langkung sihe sang nata mring

--- 9 : 16 ---

adipatya | ing Sampang dèn kasihi | sang nata wus jêngkar | saking ing Panangkilan | mantuk ngadhaton narpati | wus praptèng pura | pinapag para manis ||

56. Surabaya têluk dhatêng Mataram

65. Dhandhanggula

1. sêsampunira alami-lami | kawarnaa narendra Mataram | siniwi dening balane | wontên kawulanipun | mantri saking Kajragan uni | aran pun Gêniroga | wus jinunjung lungguh | pun Tumênggung Endranata | Sri Narendra Mangunonêng dèn timbali | sampun marêk tur sêmbah ||

2. sri narendra angandika aris | Mangunonêng sira lurugana | ing Surabaya dèn age | sakèhe wadyaningsun | sira ingkang sun kon nindhihi | Mangunonêng tur sêmbah | sigra bubar sampun | Ki Ngabèi Katawêngan | lan Ki Dêmang Yudaprana wus tur sêmbah | sarêng bubar sadaya ||

3. wong Mataram kabèh wus tur bêkti | sigra bubar lampahe akêbat | datan kawarna lampahe | ing Japan sampun rawuh | ing Têrusan dipun pondhoki | bangawan sinangkrahan | pan sami binêndung | kang mili mring Surabaya | ingurugan bêbathang lan kolang-kaling | dadya wong Surabaya ||

4. datan ana toya kang binukti | singa ngombe apan dadi lara | awatuk lara awake | mantri sampun arêmbug | kang sawênèh angajak jurit | ana ngajak beluka | apan sampun katur | mring Dipati Surabaya | sinewaka dening sakathahing [sakathah...]

--- 9 : 17 ---

[...ing] mantri | ngabèi lawan dêmang ||

5. pra tumênggung myang para dipati | dêmang rôngga miwah sinangarya | wus samya anangkil kabèh | pan sampun sarêng matur | kang sapalih angajak jurit | sapalih amrih seba | kèmêngan tyasipun | dipati ing Surabaya | ki dipati ing Sanjatabèr kawanin | malaku ingabêna ||

6. wong Surabaya prasamya angling | Ki Sanjata pêksa kumawawa | kudu amapag jurite | yèn enjuha karuhun | pasthi mênang prange ing nguni | duk anèng nagri Pajang | basa uga iku | wong mati angajak-ajak | Ki Sanjata bêburone wong Matawis | pasthi angajak ala ||

7. langkung èmêng tyasira dipati | dipun rasa bênêr ingkang mojar | angajak nungkul bêcike | rinasa galihipun | anging maksih karaos isin | mangke saya alama | sangsaya akuru | wong Surabaya tan mangan | sakathahe wadya kang angajak jurit | sami nungkul sadaya ||

8. maring kangjêng sultan ing Matawis | wadya dipati ing Surabaya | kagegeran ing manahe | anungkul karsanipun | maring Kangjêng Sultan Matawis | lah sira putraningwang | nungkula karuhun | ingsun pan ora tumindak | anak ingsun Ki Pêkik sun karya wakil | keringa mantriningwang ||

9. Mantri Surabaya kabèh angling | matur dhumatêng sang adipatya | pangraos kawula anggèr | mênggah ing lampahipun | kadi botên yèn amêkasi |

--- 9 : 18 ---

yèn suwawi ing karsa | lêng tuwan pukulun | lumampaha aprayoga | apanggiha lawan sultan ing Matawis | supados katrimaa ||

10. Adipati Surabaya angling | ingsun wêruh kabèh karsanira | nanging ingsun durung sae | têmua lan sang prabu | nanging putraningsun ta ugi | Ki Pêkik lumakua | iku wakil ingsun | sun srahakên ing Hyang Suksma | lara pati lêwih karsaning Hyang Widi | môngsa bodhoa uga ||

11. alah sira kang sun kon tutwuri | angatêrna maring putraningwang | dadia ing saratine | anggawaa wong sèwu | lan sakèhe kang para mantri | gawaa rajabrana | iki layang ingsun | tibakêna ing utusan | mring Mataram kang baris jawining kori | Mangunonêng kang nama ||

12. sigra bubar sira Ki Mas Pêkik | dèn iring mantri ing Surabaya | samya munggèng ing wingkinge | rajabrana pêpikul | pan akathah babêktanèki | pan kinarya pratôndha | yèn têmên anungkul | sapraptanira ing jaba | dèn sêsiyung dening wadya ing Matawis | wong Surabaya ebat ||

13. Kyai Dêmang Urawan rumiyin | bêkta sêrat mapan sampun prapta | sajroning barisan gêdhe | Ki Mangunonêng mêtu | Ki Urawan dipun panggihi | wus sinungkên kang surat | winaca ing kalbu | unining nawala patra | arsa nungkul raja Surabaya wakil | atmajanya kewala ||

14. Mangunonêng suka dènnya angling | iki bênêr karêpe dipatya | wong angeman [a...]

--- 9 : 19 ---

[...ngeman] nagarane | nanging kuciwanipun | têka anak kinarya wakil | Mangunonêng gya mojar | kadyapa ing rêmbug | mantri sadaya turira | môngsaborong Mangunonêng angling aris | gêgaman bubarêna ||

15. Kyai Dêmang Urawan wus mulih | nulya matur maring radèn êmas | sampun katrima lampahe | kyai dêmang winuwus | ya utusan maring Matawis | angaturi uninga | Surabaya nungkul | enjing mangke kawarnaa | sigra bubar sakèhe wadya Matawis | miwah ing Surapringga ||

16. tan kawarna lampahirèng margi | sampun prapta ing nagaranira | sami rêrêp sadayane | kawarnaa ing ênu | Mangunonêng lan Angabèi | Katawêngan rêmbagan | lan Yudapranèku | Katawêngan sigra mojar | kadipundi Dipati Surabayèki | têka botên lumampah ||

17. dèrèng eca raose kang galih | manawa manahipun tan lômba | kinarya bujuk putrane | Mangunonêng amuwus | yèn makotênmakatên. karsa puniki | suwawi ingutusan | lamun sida nungkul | anulya aglis nusula | wus utusan Ki Mangunonêng tumuli | maring ing Surabaya ||

18. Radèn Pêkik anggawani mantri | Ki Urawan kang kinèn matura | dèn asangêt mring ramane | utusan wus lumaku | tan asuwe utusan prapti | nagari Surabaya | Urawan umatur | sampeyan gusti ngaturan | dening

--- 9 : 20 ---

putra sampeyan dhatêng Matawis | panggiha lawan sultan ||

19. adipati gupuh ingkang ati | nulya dandan akêkapa kuda | sarwi nutuh sarirane | angrasa lamun luput | yèn nganggea rêmbaging mantri | môngsa ta mangkenea | mêmanah anglalu | manawi ta kangjêng sultan | duwe adil paramarta angalimi | cupêt baliluningwang ||

20. sigra bubar sira Adipati | Surabaya lawan Ki Sanjata | binêkta ika karsane | Jayaraga tan kantun | Adipati Pajang tan kari | sampun sira lumampah | pabarisan agung | anênggih ing Pranaraga | Adipati Surapringga sampun prapti | nagari Panaraga ||

21. asêseban sakathahing mantri | Mangunonêng lawan Katawêngan | Yudaprana sakancane | arêrêp anèng ngriku | lami nganti karsa narpati | anuli sigra prapta | utusan sang prabu | amundhi andika sultan | wus apanggih lawan Mangunonêng aris | pangeran ingutusan ||

22. sampun rawuh sira Adipati | Surabaya sigra kang utusan | dhawuhakên timbalane | yèn dika kinèn wangsul | putra dika kinèn abali | dhatêng ing Surabaya | karsane sang prabu | mung dipati ing Sanjata | kang pinundhut binêkta dhatêng Matawis | dhatêng putra andika ||

23. lawan sakèhe kang para mantri | Surabaya pinundhut sadaya | kinèn lajênga ing mangke | putra dika sang prabu | apan arsa rêke [rê...]

--- 9 : 21 ---

[...ke] udani | mantri ing Surabaya | dipati tumungkul | datan kawasa lênggana | ing karsane kangjêng sultan ing Matawis | Surabaya katura ||

24. nadyan pati urip ingsun iki | pan sumôngga katura ing sultan | datan angrasa dêduwe | wong Pranaraga sampun | dipun seba dening ing mantri | Mangunonêng nèng ngarsa | sigra aturipun | pan sampun katur sadaya | polahira iya ingkang para mantri | Surabaya sadaya ||

25. sampun katur dhatêng sri bupati | angandika aris sri narendra | padha uculana kabèh | sakèhe bojonipun | ulihêna lakine malih | sampun sami nguculan | marêk ing sang prabu | sang nata aris ngandika | ki tumênggung sira dadia têtindhih | ana ing Surabaya ||

26. padha sira muliha dèn aglis | lan si paman anèng Pranaraga | lah ampirana dèn age | iku gawanên mantuk | mring nagara lawan si adhi | omaha jaban kutha | ayya mawa batur | kang kinon tur sêmbah mentar | sampun prapta ing Pranaraga tumuli | pangeran wus binêkta ||

27. tan kawarna ing marga wus prapti | Surabaya Tumênggung Sapanjang | angênggèni ing kithane | pangeran ênggonipun | anèng Rêmpèh saanak rabi | ênêngêna sêmana | ucapên rumuhun | Sri Naranata Mataram | dina Soma sang nata miyos tinangkil | datan arsa mundura ||

--- 9 : 22 ---

57. Adipati Bragola ing Pathi ambalela dhatêng Mataram

66. Durma

1. sampun miyos sang nata ing Panangkilan | magêrsari angapit | lan bintulu pêdhang | kalawan tumbak sulam | wong anyutra wus marapit | wong priyantaka | anèng ngarsa atêbih ||

2. saragêni anjajari anèng ngarsa | nanging sinigêg dhingin | ingkang winangsulan | dipati ing Sanjata | caritanya kala prapti | nagari Pajang | sêmana dèn suduki ||

3. nanging sakèhing braja datan tumama | tumiba angganèki | ya ta ingantêban | selatur ginitikan | ing kayu sangêt kagitik | datan karasa | ing badane dipati ||

4. ya ta tinalenan Dipati Sanjata | linêbêtkên ing warih | sêmana wus ical | dipati ing Sanjata | wus nora ana kapanggih | malih winarna | sultan dènnya siniwi ||

5. saragêni anjajari anèng ngarsa | kakôndha amirapit | warnanên kang seba | kapêdhak jagabaya | sangkraknyana sisihnèki | kapilih ika | sisih sami kapilih ||

6. udaraga asisih lan wong miyangga | wong nirbaya anangkil | lan wong kartiyasa | silih wong wiramarta | wong brajanala asisih | wong wirabraja | sadaya sami nangkil ||

7. patrayuda asisih lan wong kanoman | gandhèk anaking mantri | wong singanagara | Martalulut sisihnya | wong niyaga anèng wuri | Kabayan ngarsa | wong mandhung

--- 9 : 23 ---

wus anangkil ||

8. astranôngga kalawan wong maodara | miwah wong judhipati | lawan wong jantaka | sami nangkil sadaya | wong margôngsa anèng wuri | para dipatya | tansah ngarsèng narpati ||

9. Panêmbahan Purubaya anèng ngarsa | miwah kang para rabi | Pangeran Ariya | Widamanggala seba | lan Dipati Singasari | lan Têpasana | sadaya sami nangkil ||

10. Adipati Juminah sampun sewaka | Dipati Mangkubumi | miwah Kapugêran | lawan pangeran dêmang | kabèh prasamya anangkil | para santana | Dipati Sokawati ||

11. Adipati Balitar sampun aseba | miwah para dipati | ing Amartasana | miwah Prawiratruna | Pulangjiwa wus anangkil | Rônggatanpulas | lan Radèn Wirasari ||

12. Adipati Martalaya wus aseba | lawan sira Dipati | Mamênang aseba | lan Radèn Pringgalaya | punika kang lagi prapti | Kusumayuda | Dêmang Malaya nangkil ||

13. para mantri ingkang aseba winarna | Singaranu nèng ngarsi | lawan Endranata | Tumênggung Alap-alap | Arya Martalaya nangkil | Mangunonêngan | kalawan Rajaniti ||

14. Ki Tumênggung Asmaradana nèng ngarsa | kalawan Wirapati | lawan Prangwadana | kalawan Têpèngsara | Ki Tumênggung Môndakarti | Aryanagara | lan Arya Dhadhaptulis ||

15. Radèn Pamot aseba anèng ing ngarsa | lan Kulandaragêni | lawan Salingsingan | Tumênggung Singajaya | lan [la...]

--- 9 : 24 ---

[...n] Ngabèi Prabangsèki | lan Katawêngan | Yudaprana anangkil ||

16. Ki Tumênggung Sindubaya anèng ngarsa | lan Jayamênggalèki | myang Malangsumirang | Ngabèi Nayahita | lawan Panji Wirabumi | Astrawêdana | Arya Panular nangkil ||

17. Angabèi Randhêgan lan Wirantaka | kandhuruhan ing Wêdhi | lan Kartamênggala | lan Kyai Wiraguna | Dipati Sampang anangkil | lan numbakanyar | sèwu kalawan bumi ||

18. wong Banyumas têngahan lan wong Pasundhan | miwah wadya pasisir | Cêbonggêbang ika | Kaliwungu king Kêndhal | Barêbês lawan ing Têgil | Batang Pamalang | Wiradesa sumiwi ||

19. wong Madiun Magêtan ing Panaraga | Kaduwang Jagaragi | Japan Wirasaba | Kalangbrèt Rawa Malang | dening para mantri alit | Gêdhong kapêdhak | wêdanane winarni ||

20. Mangunagara lêlurah ingkang kiwa | kang têngên Surantani | kapêdhak lurahnya | têngên Ki Nayagarwa | pêpak wadya ing Matawis | môncanagara | lawan wadya pasisir ||

21. sri narendra ngandika mring wadyabala | apa mulane Pathi | têka nora seba | dening iki pêpakan | pasisir môncanagari | mangsane uga | aseba maring mami ||

22. Ki Tumênggung Endranata atur sêmbah | kawula mirsa warti | Dipati Bragola | akarsa ambalika | agênti waris Matawis | mila akarsa | paduka dèn ayoni ||

23. pan ing mangke sampun sami padandanan | arsa nglurug mariki | pan nagari tuwan |

--- 9 : 25 ---

kang bang êlèr sadaya | sampun sami dèn irupi | Warung Juwana | Garobogan wus kêni ||

24. mung ing Dêmak punika taksih angutha | wong cili dèn bahaki | Lasêm Pajangkungan | sampun kêni sadaya | ing Rêmbang dipun kakahi | mring Adipatya | Bragola ta ing Pathi ||

25. asmu duka kangjêng sultan ing Mataram | lah iya adhi bêcik | ngayoni pun kakang | lah uwa Purubaya | andika raos ing galih | sapa kang yogya | angyêpukaanggêpuka. ing Pathi ||

26. inggih uwa Purubaya karsaningwang | sun tindaki pribadi | apan adhi êmas | dipati ing Bragola | arsa angayoni mami | tandhing prakosa | lah iya sun tindaki ||

27. wong Mataram padha dandana sadaya | ingsun bubar ing benjangbenjing. | sakèh pra ditya |Kurang satu suku kata: sakèh pra dipatya. nêmbah samya sandika | sang nata jêngkar tinangkil | malêbèng pura | ginarêbêg ing sêlir ||

28. kawarnaa enjing anêmbang têngara | obah wadya Matawis | amêpêk gêgaman | sampun prapta sadaya | ing alun-alun abaris | andhèr ing pasar | nglêlurung kêbak baris ||

29. datan kêna ngambah lêlurung wong lintang | saking jêjêl ing baris | miwah kang turôngga | pirang pandêlêng sinang | lir sagara tanpa têpi | lamun sinawang | anglir prawata agni ||

30. gêgamane wong pasisir warna-warna | ingkang binolang kuning | mamas kapurancak | ana kang ponthang lima | saparan-parane baris | jawining kitha | jêjêl baris wong cili ||

31. pan wong Sampang landheyane [la...]

--- 9 : 26 ---

[...ndheyane] bolang abang | tumbak sulam nèng ngarsi | saha bêdhil kathah | tulup lêmbing lan pêdhang | prajurite bêcik-bêcik | babrêngos capang | panjang-panjang pinuntir ||

32. kawarnaa sang nata sampun siyaga | nyamping bathik rêspati | lancingan rinenda | pantês rasukan tambal | abêbênting cindhe wilis | ginombyok ing mas | tinurut ing kêkitir ||

33. wus akuluk tarênggos pan rinangkêpan | dhêsthar cawêni putih | ginombyok toya mas | têpinipun rinenda | dinulu angrêspatèni | dhuwung nyuriga | waos sampun rinakit ||

34. sigra miyos horêg wadya ing Mataram | gêgaman dalêm mijil | saragêni aglar | amyang kang tumbak sulam | waos wargu myang panjalin | sinulam ing mas | galathik mungup asri ||

35. wong anulup lan magêrsari akapang | pêdhang tamèng lan tamsir | kering kanan nyutra | towok angrakit kantar | rangin sikêpipun kêris | lir hyang-hyang surat | dinulu angajrihi ||

36. sri narendra sigra anêmbang têngara | bubarêna kang baris | nulya tinêngaran | bubar baris pangarsa | anglir obah ingkang bumi | swaraning janma | kang nguwuh kang nauri ||

37. asauran pangriking turôngga liman | lir ombaking jaladri | myang kriciking watang | umrês krêbêting laywa | dinulu anggêgirisi | untaping bala | lir awun-awun agni ||

38. sigra nitih dipôngga Sultan Mataram | bêdhol sagunging baris | untabe awêndran | dinulu [dinu...]

--- 9 : 27 ---

[...lu] tan petungan | sajaman-jaman ngêbêki | para santana | ingkang lumakyèng wingking ||

39. tan winarna kêbating ingkang carita | prapta jabaning taji | lajêng kang gêgaman | sampun prapta ing Pajang | wong pasisir andhingini | môncanagara | wus anggêpok ing Pathi ||

40. sri narendra arêrêb anèng ing Pajang | wadya kang andhingini | sami ambêbajag | wong Pathi padêdesan | kidul gunung dèn boyongi | ingkang abôngga | pan sami dèn patèni ||

41. wong desane prasami angungsi kitha | samya atur upaksi | matur ing lêlurah | ya ta kang kawarnaa | sira Adipati Pathi | dawêg sineba | dening sagunging mantri ||

42. kandhuruhan ingkang tansah anèng ngarsa | lan Arya Sawunggaling | lawan Sindurêja | tansah anèng ing ngarsa | lan Rajamênggala sami | sami pêpakan | Dipati Kulanangkil ||

43. Ki Tumênggung Binorong lan Mangunjaya | tansah ana ing ngarsi | dening rowangira | Ki Dêmang Tanpanaha | Ngabèi Carangdesèki | lan Arya Tôndha | lan Radèn Mêgatsari ||

44. Pangalasan lawan Dêmang Jagantaka | lawan Ki Waduaji | lawan Jayèngrana | tan kari pun Prameya | lawan Rôngga Surèngpati | mantri sadaya | andêl-andêling Pathi ||

45. Surantaka lawan Dêmang Kartalaya | Ngabèi Jayèngpati | Rôngga Martahita | lawan Wirabramêtya | lan Ki Rôngga Kartapati | Astrawijaya | samya andêl ing jurit ||

46. Kapêdhêke miwah mantri [ma...]

--- 9 : 28 ---

[...ntri] Kajinêman | Kartayuda anangkil | lan Dêmang Caruban | lawan pun Marcukilan | Ki Gêlapthathit sumandhing | Dêmang Katawan | lan Rôngga Orang-aring ||

47. Dêmang Cêkaklak lan Dêmang Gêlapngampar | lawan pun Endragini | lan pun Cakrajagad | lawan pun Langitbêdhah | Jurangambrah sisihnèki | Setan Arungan | Mancangah anèng ngarsi ||

48. Astrapati lan Dêmang Pangrunjanglawang | lawan Dêmang Kêkolik | lawan Rujakpanjang | lawan Rajatumbakan | lawan Setan Mangan bêlis | Rujakbaruwang | kalawan Bajobali ||

49. Kapêdhake awasta Ki Lurah Patra | angluruhi prajurit | Gajah Tambakbaya | Ki Lurah Astranôngga | kang sasisih Patragati | Ki Sewandaka | samya têguh prajurit ||

50. angandika aris Dipati Bragola | mring sakèh para mantri | kayapa kang warta | dening gègèr ing jaba | kajinêman matur aris | singgih kawula | angaturi upaksi ||

51. pan dêdamêl Matawis kang sampun prapta | têpis wiring ing Pathi | lêbur kang wong desa | jinarah binajagan | kang arosa dèn pêjahi | ingkang kacandhak | prasamya dèn boyongi ||

52. alah sapa wong Mataram kang tumindak | kinarya senapati | prajurit anêmbah | raka tuwan priyôngga | ingkang tumindak mariki | sri naranata | Kangjêng Sultan Matawis ||

53. prajurite gusti kinêrig sadaya | muwah mantri pasisir | pra môncanagara | sami dhatêng sadaya | suka Adipati Pathi |

--- 9 : 29 ---

sokur mangkana | sun papage pribadi ||

54. lah sakèhe santana para prawira | sira padha sun tari | nêdha sukanira | padha sun ajak pêjah | ajana anguciwani | yèn têkèng têmah | kabèh padha sun kanthi ||

67. Kinanthi

1. sakathahe sanak ingsun | sun jaluk sukanirèki | sakèhe para dipatya | ajana anguciwani | padha ngêrêmna netranya | ajana ingkang anolih ||

2. Kandhuruwan matur nuhun | dhuh gusti sang adipati | kamangkara ling paduka | dening akèn ngrêmkên aksi | punapa sang adipatya | botên andarbèni bêcik ||

3. nadyan kawula pukulun | milua sabaya pati | yèn sampeyan nêdya pêjah | kawula matia dhingin | yèn sampeyan nêmahana | kawula sampun mênangi ||

4. Arya Sawunggaling matur | prasêtya kawula gusti | sampun liya saking tuwan | ênggèn kawula angabdi | lamun tuwan ngarah pêjah | kawulane sampun kari ||

5. Arya Sindurêja matur | panêdha kawula gusti | yèn sampeyan karya yuda | kawula ngamuk rumiyin | yèn benjang kawula pêjah | sakarsa paduka kari ||

6. lan panêdha malih ulun | sampun angawula malih | ing donya rawuh ngakerat | sampeyan dadosa gusti | sampun tanggêl jêngandika | amala ingkang anggitik ||

7. Ki Rajamênggala matur | yèn sampeyan arsa jurit | môngsa kawula mundura | angamuk ing wong Matawis | panêdha kawula ing prang |

--- 9 : 30 ---

sampun kongsi mulih urip ||

8. Dipati Tohpati matur | wong punapa sêdya urip | yèn gusti angarah yuda | sapa kang lumayu benjing | sampun pinakanan sêga | dipun dulanga ing tai ||

9. Tumênggung Binorong matur | yèn ana kang wêdi mati | eman-eman kang wanudya | dèn ajak turu sarêsmi | iku pantês ingkang lanang | dipun jodhonana anjing ||

10. Dipati Pathi amuwus | kawula têtêdha ugi | saking sêdya pakanira | têtêpêna ing Hyang Widi | dipati malih ngandika | dhatêng ingkang para nyai ||

11. amundhuta arak anggur | janèwêr lawan branduwin | lawan mundhuta busana | kancana salaka picis | bêborèh kalawan lênga | sarta kalawan sêsumping ||

12. kang kinon ya ta amundhut | tan asuwe nulya prapti | Dipati Pathi ngandika | dhatêng ingkang para sêlir | padha sira larihana | sêsumping trapêna kuping ||

13. kang anayub sami wuru | kathah sanggupe mring gusti | sawênèh ana angucap | panêdha kawula benjing | yèn sampun têka ing yuda | kawula angamuk dhingin ||

14. amalêsa ing sihipun | ing gusti Dipati Pathi | wutahe gêtih kawula | lan tigase jôngga mami | sun karya pamalês benjang | ing êsihe gusti mami ||

15. satrutus kawula besuk | sampun liya dèn ujungi | yèn dede anggèr sampeyan | tan suka kawula gusti | ingkang sawênèh angucap | panêdha kawula benjing ||

16. kawula [ka...]

--- 9 : 31 ---

[...wula] janma ping pitu | sêdya kawula angabdi | gusti dhatêng ing paduka | tan sagêd suwita malih | yèn benjing dhatêng paprangan | kawula lêbura dhingin ||

17. sang adipatya amuwus | anêdha manira sami | prasêtyanira sadaya | tan prabeda lawan mami | benjing yèn têmpuh ing yuda | sun sêdya barênga mati ||

18. barênga lan sanak ingsun | miwah ingkang para mantri | barênga lêbur sadaya | angamuk ing wong Matawis | nanging silih pirabara | yèn anaa kongsi urip ||

19. nanging ta pangrasaningsun | ingsun mungsuh kakang aji | pirabara yèn mênanga | pasthi ingsun anêmahi | kayapa yèn undurana | yèn wus karsaning Hyang Widi ||

20. Radèn Kandhuruwan matur | lawan Arya Sawunggaling | lan Tumênggung Sindurêja | ature sami anangis | dhuh gustiningsun pangeran | sampun tuwan tumut jurit ||

21. kawula gusti kang magut | ing yudane wong Matawis | yèn abdi tuwan sadaya | wontên mundura sajari | rinampoga saking wuntat | binoyonga anak rabi ||

22. pangeran andika kondur | tulusa wibawa mukti | anyakraawatiningrat | ulun dhewe kang nglampahi | angamuka wong Mataram | yèn sampun kawula mati ||

23. sakarsa sampeyan kantun | kawula sampun udani | adipati angandika | anêdha manira ugi | saking trêsna pakanira | tan kawawa amalêsi ||

24. winalêsa ing Hyang Agung | kapindho nabi sinêlir | sakathahe wangsaningwang |

--- 9 : 32 ---

miwah ingkang para mantri | angsala rahmating Allah | manggiha swarga kang adi ||

25. Arya Mangunjaya matur | aturipun ngasih-asih | dhuh gusti sang adipatya | yèn kênia ngong aturi | sampun mêngsah rakandika | sri bupati ing Matawis ||

26. botên wontên awonipun | mring sampeyan langkung asih | sampun kadhaharan ujar | botên pênêt kang pinanggih | sakèhe wadya Santênan | môngsa mênanga ajurit ||

27. Dipati Pathi amuwus | wus pasthi tan kêna gingsir | sampun karsaning Hyang Suksma | alah si wong amatèni | lêng pinêjahana dhawak | dening kakang mas Matawis ||

28. para prawira kang muwus | Ki Mangunjaya sirèki | ja jêrih têmên andika | baya dika wêdi mati | lah têka dika mênênga | aja kudu milu jurit ||

29. Ki Mangunjaya amuwus | kumênthus têmên wong iki | adawa yèn winicara | dipati ngandika malih | dhatêng sagunging prawira | manira mêdal ing enjing ||

30. sakathahing wadyaningsun | padha amêpaka baris | benjang-enjang dèn tataa | ing alun-alun ing Pathi | sampun binayar busana | sakèhe para dipati ||

31. prajurit warata sampun | sinungan busana adi | rasukan lawan lancingan | bêbêntinge cindhe sami | sang dipati kondur sigra | malêbêt ing dalêm puri ||

32. para garwa sami mêthuk | mring raka sang adipati | samya angiring sadaya | wus prapta ing dalêm puri | apan wus sira pinarak | srinata dipun pêtêki ||

--- 9 : 33 ---

68. Sinom

1. kang para garwa tumingal | sang adipati atintrim | netrane beda lan saban | para garwa matur aris | kawula matur gusti | punapa karananipun | dening datan ngandika | punapa duka ing rabi | pan kawula suka dipun pêjahana ||

2. ki dipati angandika | lah wruhanira mas ari | ingsun pêpoyan ing sira | ingsun pan apamit mati | marang sira mas gusti | pan ingsun arsa amêthuk | yudane kakang êmas | sri narendra ing Matawis | sakathahe garwaningsun kabèh sira ||

3. ing benjing sapungkur ingwang | dèn bisa sira mas yayi | angawula ing Mataram | dèn bisa angalap ati | lawan ingsun atitip | maring putranira jalu | langkung dening mamêlas | durung wruh rasaning mukti | ingsun tilar poma yayi dèn karêsa ||

4. lah ta yayi wruhanira | yèn ingsun amapag jurit | lan kang êmas ing Mataram | pasthi tumêka ing jangji | kang garwa sami anjrit | miyarsa wuwusing kakung | umyang sajroning pura | adhuh yèn kenginga gusti | asowana dhatêng raka jêngandika ||

5. sampun sampeyan abôngga | dhatêng raka dika gusti | sintên mala anggitika | kang raka ngandika aris | wus pinasthi ing Widi | yayi ayu lêbur ingsun | dening wadya Mataram | ingsun ingkang amêkasi | awibawa anèng nagari Santênan ||

6. anakira Radèn Rôngga | apan ora anggêntèni | uripipun pirabara | kang garwa sangsaya

--- 9 : 34 ---

anjrit | sêsambate mlasasih | wong dalêm karuna umyung | samya milu karuna | ya ta kawarnaa enjing | sang dipati tan gingsir samayanira ||

7. sira Dipati Bragola | adusku jamas abrêsih | nulya sira agêgônda | jêbat ingkang marbuk minging | sampun angangge wangi | angrasuk busananipun | nyamping samboja sêkar | paningsêt cawêni putih | arasukan cêmêng rinenda kancana ||

8. pamêkak cindhe puspita | akris sarungan tinulis | sêsawatan dhasar pêthak | alandheyan tunggak sêmi | dhuwunge Parungsari | apan jigja tangguhipun | dhuwung rangkêp têtiga | kang satunggil tangguh tubin | dhapuripun carita kêkêlênthengan ||

9. kang satunggil dhuwungira | Ki Kêlêng ingkang anggitik | nênggih adhapur sampana | pan sampun sami rinakit | lancingan cindhe wilis | rinenda mandhêpunipun | pamêkak ginêbyogan | pan tinurut ing kêkitir | warnanira rênyêp-rênyêp kadya lintang ||

10. ajamang mas kinatipa | têbah jaja anting-anting | kêlat bau agêgêlang | bêbadhong sampun rinakit | lancingan rangkêp kuning | asisim pating palancur | citrane sang dipatya | lir ringgit Karna prang tandhing | kala mêngsah Arjuna munggèng palagan ||

11. prajurite wus agêlar | anganti wijiling gusti | gêgaman wus amalatar | dinulu lir gunung sari | gêgaman warni-warni | waos binang wênèh wungu | ana kang tumpêr ingas | wênèh bung ampèl lan jinggring | kang sawênèh binange akapurônta ||

--- 9 : 35 ---

12. warnanên sang adipatya | saksana sira umijil | ingiring ing para garwa | kalangkung samya prihatin | sadaya tawan tangis | pan sampun kinèn awangsul | ing kori paregolan | kang garwa sami anangis | kadi yayah wong trêsna dèn ungkurêna ||

69. Pangkur

1. sang adipati gya mêdal | saking kutha obah wadya ing Pathi | gêgaman dalêm wus mêtu | asri têngêranira | umbul-umbul pêpareanom kumêbul | kang tunggal lêlaywa amyang | tinon lir prawatasari ||

2. lêlurahira kapêdhak | wastanira nênggih pun Cakrawarti | Cakrayuda sisihipun | kalayan Prayadita | anglurahi Saragêni têngênipun | kang kiwa Ki Prayanôngga | kalihe sami prajurit ||

3. Lurah Kanoman anama | Ônggayuda lawan pun Yudakarti | Patrawisa lurah nulup | lawan pun Wisamarta | wong anutra Anggandara lurahipun | kalawan Jayalêksana | kalihe sami winani ||

4. wong angrangin lurahira | Jayèngsari lawan pun Jayèngrêsmi | wong magêrsari akêpung | kabèh samya prayitna | sang dipati akèn atêngara sampun | ambubarêna gêgaman | sadaya sami umiring ||

5. gêgaman bubar sadaya | tiningalan kalangkung dening asri | prajurit panganggenipun | kang kulambi sangkêlat | sorah sari sawênèh ana baludru | renda anurut dom-doman | kang bajo sangkêlat abrit ||

6. kang bajo binapang-bapang | dhasaripun sangkêlat bang ingasih | ana

--- 9 : 36 ---

kang sangkêlat wungu | ana kulambi leja | galar konus kulènthèng lan alam kantun | ingkang ambêkta gêgaman | kulambi sangkêlat mayit ||

7. prasamya trênggos sangkalat | tiningalan kadya wukir kabêsmi | gêgaman bubar sadarum | sigra sang adipatya | nitih kuda Layarwaring wastanipun | ulêsipun dhawuk pêthak | binusanan murub asri ||

8. ingkang kinon tunggu pura | mantri papat samya prawirèng jurit | dipati sigra lumaku | dèn iring ing gêgaman | tuhu bagus samêkta busananipun | magêrsarine akapang | sadaya angati-ati ||

9. wus prapta jawining kitha | wus atata sakathahing pra mantri | akarya têtarub agung | pirantine kasukan | ôndrawina para bupati anayub | milane para prawira | sanggupe tan kêna gingsir ||

10. ênêngêna ing Santênan | kawarnaa Sri Bupati Matawis | siniwi ing wadyanipun | ana ing pasanggrahan | sampun katur yèn wong Pathi sampun mêtu | sri narendra angandika | mring sakèhe para mantri ||

11. payo atatan-tatana | ingkang anèng pangawat kanan kering | Si Tumênggung Singaranu | iku anitihana | sakathahe iku ing têngêran ingsun | kang dadia gêgunungan | nindhihi wadya Matawis ||

12. dene ingsun anèng wuntat | rada kèri dening kang sun titihi | sakèhing kapêdhak ingsun | lan sakèhe santana | iku aja adoh lawan jênêng ingsun | lan padha dipun prayitna | wong ing Pathi bêcik-bêcik ||

--- 9 : 37 ---

13. kalawan Si Endranata | nitihana sakèhe wong pasisir | anèng kiwa prênahipun | sampun sami winêkas | pra dipati nindhihi gêgamanipun | pan sami wawang-winawang | wong Pathi lan wong Matawis ||

14. sakèhe para santana | punika kang rakêt lan sri bupati | rada lindhuk prênahipun | kalingan pagêr jarak | ênêngakna sang nata datan winuwus | warnanên sira dipatya | ing Pathi amêpak baris ||

15. pinapag anèng taratag | sakathahe pra prajurit ing Pathi | asowan dipatya muwus | maring Ki Kandhuruwan | ngêndi prênahe kangmas gêgamanipun | pan iku ingkang sun sêdya | waspadakêna dèn pasthi ||

16. panêdhaningsun ing Allah | aja liya anangani ing mami | lamun dudu kakang prabu | pan ingsun ora suka | lamun mati aja liyan ngarsanipun | kakang êmas ing Mataram | arsa sun tandhing kawanin ||

17. Sawunggaling atur sêmbah | pan kawula sampun takèn ing têlik | kang kiwa gêgaman agung | ênggène raka tuwan | munggèng têngên nitihi gêgaman agung | têngêran gula kalapa | punika sri narapati ||

18. suka Dipatya Bragola | yèn mangkono payo têngara aglis | lah payo barêng anêmpuh | ajana angucira | sêdyaningsun wong Pathi barênga lêbur | sigra nulya atêngara | gêgaman sampun cumawis ||

19. bupatine ôndrawina | pan sadaya samya dipun êndêmi | ya ta sadaya wus wuru | sanggupipun maludag |

--- 9 : 38 ---

pan ajangji sadaya barênga lêbur | sawiji tan ana giwang | wus prasêtya barêng mati ||

20. Kandhuruwan awotsêkar | yèn sawawi kula ngamuk rumiyin | yèn kawula sampun lêbur | punika karsa tuwan | Sawunggaling kêkèjèk dènnya umatur | sampeyan among rêsminya | ngong amuke wong Matawis ||

21. sang dipati angandika | sun tarima marmanira mring mami | anging ta panêdhaningsun | barênga pêjah gêsang | barêng lêbur wong Pathi ajana kondur | ingsun pan aja salaya | barênga mati lan dasih ||

22. lah ta sira têngaraa | payo padha ngantêp prang wong Matawis | sigra atêngara sampun | bêdhilnya kadi gêrah | ingkang wadya suraknya umyang gumuruh | prajurite samya mangkat | anitih kuda ngajrihi ||

23. Kandhuruwan anèng ngarsa | tan atêbih lawan pun Sawunggaling | wong Mataram yitna sampun | surak ambal-ambalan | wadya Pathi saksana barêng anêmpuh | surak lor kidul sauran | kadi karêngwa ing langit ||

24. pangamuke wong Santênan | kang pangawat kiwa parêng dèn byuki | wong pasisir kang dèn têmpuh | têtindhihe kang kiwa | Endranata punika aran Tumênggung | Sawunggaling anarajang | angêmbat lawung ngajrihi ||

25. Sawunggaling asêsumbar | wong Mataram lah kêmbulana mami | bok sira tan ana wêruh | iya ingsun Ki Arya | Sawunggaling ing Pathi prajurit luhung | wong Mataram kêmbulana | ajana mundur ing jurit ||

--- 9 : 39 ---

70. Durma

1. Kandhuruwan mara sarwi asêsumbar | ajana ngapirani | pring sadhapur ika | êndhog sapatarangan | ajana cidra ing jangji | barênga pêjah | aywana kang gumingsir ||

2. sarêng ngamuk prajurite wong Santênan | tandange gêgirisi | alir Singalodra | galak amôngsa sarpa | lir gunung rubuh kang bêdhil | suraking bala | kadi rubuh kang langit ||

3. asauran lan swaraning kalantaka | wong cili aprang dhingin | rame agêmboran | surak ambal-ambalan | langit pêtêng anglimputi | ramening yuda | lir gabah dèn intêri ||

4. gugup pêtêng pati gagap kang ayuda | tumbak ganjur wus mati | mung tamèng lan pêdhang | tandange wong Santênan | lir pendah banthèng akanin | pating julimprak | anigas angidêki ||

5. wadyabala pasisir barisnya bubar | datan mônggaa pulih | prajurit kèh pêjah | tatanya wus tan ôntra | sira Arya Sawunggaling | pangamukira | dahat anggêgirisi ||

6. Kyai Tumênggung Endranata uninga | lamun prajurit Pathi | angamuk manêngah | lir mong tan olih môngsa | Endranata wus anggêndring | tan olih bala | bêbokong koplak-kaplik ||

7. akêbat palayunira Endranata | Ki Arya anututi | mring Ki Endranata | kang binujung akêbat | katèkèng malik kulambi | atilar kuda | andharêsêl pakathik ||

8. sirna larud wong pasisir saking [sa...]

--- 9 : 40 ---

[...king] ngarsa | samya angungsi wuri | nanging tan atêbah | sigra wadya Santênan | wus mingsêr pangamuknèki | wadya Mataram | sampun angati-ati ||

9. dyan anêmpuh wong Pathi mring wong Mataram | langkung rame ing jurit | apan katanggahan | wong Pathi pangamuknya | tan ana angucap ajrih | ramening surak | têtêg awor lan bêdhil ||

10. kadi ombak sagara anêmpuh parang | ramening wong ajurit | kasêsêr kang wadya | dening Naya Mênggala | arukêt luhuring wajik | sêndhal-sinêndhal | rame kêris-kinêris ||

11. ting calêprot sami niba saking kuda | sampyuh sarêng ngêmasi | Ki Surabramêtya | aprang lan Jagabaya | aramnya uthik-inguthik | Surabramêtya | panumbake anitir ||

12. Ki Tumênggung Jagabaya sigra numbak | Surabramêtya tangkis | nanging kadharadhag | kêna gulu iringnya | Surabramêtya ngêmasi | suraking bala | kadya karêngèng langit ||

13. Jayèngrana aprang lawan Martalaya | wong sèwu angêmbuli | sami kuwatira | lintang ramening yuda | Martalaya angawaki | Ki Jayèngrana | tumandang narik kêris ||

14. Jayèngrana prangira lan Martalaya | sami sudira kalih | watange ginêbang | nulyagya nyandhak tangan | prasamya tarik-tinarik | aprang-pinêrang | kinris malês angêris ||

15. Jayèngrana kinris jajanira pasah | niba anuli mati | Radèn Kandhuruwan | sampun ayun-ayunan | kalawan Ki Rajaniti | sigra [si...]

--- 9 : 41 ---

[...gra] anumbak | asru Ki Rajaniti ||

16. wus tinangkis watange putung anjêplak | nulya tinumbak aglis | jajanira pasah | anrus maring walikat | Rajaniti wus ngêmasi | suraking bala | lir ombak ing jaladri ||

17. Mangunonêng wruh ing anaknya palastra | kudane dèn camêthi | adhuh putraningwang | durung usume pêjah | durung wruh rasaning mukti | lah Kandhuruwan | payo tandhing lan mami ||

18. dyan tinumbak Kandhuruwan kapalêsat | niba saking turanggi | pan aburangkangan | nanging datan apasah | tinumbak tinitir-titir | Ki Kandhuruwan | ngadêg sarwi nglarihi ||

19. Mangunonêng tinumbak jajane pasah | niba anuli mati | sigra Kandhuruwan | kudane tinitihan | anulya dipun camêthi | angikal watang | sêsumbar angajrihi ||

20. lah rêbutên iya ingsun Kandhuruwan | kaipe ing Dipati | Bragola Santênan | lah payo kêmbulana | dadi bungahe kang ati | barênga mara | rêbutên sun ing jurit ||

21. Kartajaya aprang lawan Yudabôngsa | rame ungkih-ingungkih | atumbak-tinumbak | Kartajaya kabranan | tinumbak tinitir-titir | nulya aniba | Kartajaya ngêmasi ||

22. Ki Dipati Santênan ningali bala | mantrine akèh mati | langkung merangira | aprang marakkên bala | kudane wus dèn camêthi | wastaning kuda | aran pun Layarwaring ||

23. sarêng mangkat kapêdhak lan kajinêman | kudane samya nyirig | tan ana sinêdya | dipati ing Santênan | mung kang raka sri bupati |

--- 9 : 42 ---

têngêranira | pinêlêng jroning ati ||

24. sampun parêk lan gêgaman ing Mataram | kinarutug ing bêdhil | surak lir ampuhan | bêndhe munya ngawiyat | gamêlan munya mêlingi | sang adipatya | suka kapati-pati ||

25. dyan tinumbak kudane nulya angêrab | yitna wadya Matawis | Dipatya Santênan | sigra anêmpuh ing prang | prajurite angawaki | wadya Mataram | tanggihtangguh. datan gumingsir ||

26. lindhung awor wadya Mataram kèh pêjah | de prajurit ing Pathi | tandangnya lir singa | barwang tanpolih môngsa | wênèh kadya banthèng kanin | numbak anigas | angris angakakahi ||

27. ramening prang lir ombak anêmpuh parang | de swarèng bêdhil muni | gong maguru gôngsa | têtêg anglir butula | myang surak gumuruh atri | sira dipatya | wus sêdya labuh agni ||

28. Ki Tumênggung Singaranu wus kesisan | wadyanira wus ênting | akèh wus lumakya | Singaranu katunjang | dipatinya angawaki | Pathi Bragola | wus angawaki jurit ||

29. Adipati Santênan pangamukira | liwung tanpolih tandhing | mêhêng sri narendra | kang tansèng srêng ing nala | adangu datan kapanggih | sira dipatya | dahat anginggit-inggit ||

30. wong Mataram tan môngga-môngga puliha | ya ta sri narapati | anêmbang têngara | nabuh Kiyai Bicak | tinitir pan ora muni | sri naranata | gya kêpuh dèn sungkêmi ||

31. wus anêkung maladi samade Suksma | anêgês ing karsaning |

--- 9 : 43 ---

sang amurwèng tingal | datan lyan kang kacipta | mêhêng kang akarya bumi | ciptèng sang nata | wus angèsthi sawiji ||

32. ri sawungunya Ki Bicak gya tinêmbang | angungkung munyèng langit | mindha glap kasanga | sigra para santana | gya angingêrakên baris | pan sarêng mara | sarya Ki Bicak anjrit ||

33. Adipati Santênan ika miyarsa | yèn Ki Bicak sru muni | angingêrkên kuda | asru dènira mojar | alah payo wong ing Pathi | ika si Bicak | tinêmbang asru muni ||

34. wus katingal para santana Mataram | yèn sampun masang baris | Dipati Santênan | marakakên kang wadya | amung kang rikang prajurit | bala Santênan | kang alit têlas mati ||

35. pra prawira ing Pathi nyamêthi kuda | wus sêdya lêbu agni | santana Mataram | sampun samya prayitna | nêdya ngawaki pribadi | sarêng tandangnya | kudane dèn camêthi ||

36. sampun nandêr para santana Mataram | wong Pathi aningali | sakyèhing prawira | sarêng nyamêthi kuda | sampun kinrapakên pati | sarêng narajang | nêmpuh ing wong Matawis ||

37. prajurit Pathi santana ingkang nama | Radèn Wirasinêkti | anyamêthi kuda | watangnya sah ingêmbat | katanggêh samya prajurit | samya santana | ramya ukih-ingukih ||

38. wong Mataram Rahadèn Wirataruna | ika lawaning jurit | Wirasêkti numbak | mring prawira taruna | panumbake pan katangkis | winalês sigra | gulu iringe kêni ||

39. amung kulit ayamnya têtêp katumbak | niba anuli

--- 9 : 44 ---

mati | ana lyan samitran- | nya ran Wirasaraya | andulwèng samitra mati | nyamêthi kuda | watangnya wus pinundhi ||

40. dhapuring waos ngaran Biring Lanangan | murub apindha agni | saryangling sêsumbar | payo padha prawira | aywana anguciwani | ingsun lan sira | payo padha wong bêcik ||

41. wusnya pagut kang yuda sigra anumbak | Wirataruna tangkis | nanging kadharadhag | tan katangkis katumbak | kakêpuh tugêl kapalih | prawira truna | angganya angingkêdi ||

42. pangrasanya kakêmpung kadya butula | nulya sira malêsi | Ki Wirasaraya | anulya dipun tumbak | malês saking nginggil wajiwajik. | tiba kalumah | saya tinitir-titir ||

43. pan kabranan Ki Wirasraya wus pêjah | dipati ing Tohpati | gya arsa tulunga | sigra nyamêthi kuda | pangeran ing Mangkubumi | sampun uninga | kudane dèn camêthi ||

44. wus atêmpuh lawung pan tumbak-tinumbak | watang putung marêngi | nulya rukêt pisan | sami candhak-cinandhak | pan sami angunus kêris | atêpung asta | anuduk gênti kêris ||

45. wus tumurun kalih saking kudanira | samya kêris-kinêris | samya têguhira | kris tan ana tumama | sarêng rêmpu dhuwung kalih | gya rukêt prangnya | gantya banting-binanting ||

46. pan kalindhih Pangeran Amangkubumya | angrasa lamun kontit | anyandhak gantangan | Ki Tohpati anjola | wasisan banjur binanting | tur tinunggangan | Tohpati asru angling ||

--- 9 : 45 ---

47. hèh carobo wong Mataram juritira | Pangeran Mangkubumi | aris saurira | sajangan-jangan ngadhang | pan iki wong rêbut pati | Ki Tohpralaya | dèn idêk dèn suduki ||

48. wus kakehan brana Tohpati wus pêjah | Sindurêja ajurit | pan ayun-ayunan | lan Pangran Pugêr ika | asuwe ukih-ingukih | sami prakosa | tan ana kang kalindhih ||

49. wong Mataram suraknya ambal-ambalan | kadya rubuh kang langit | sira Sindurêja | ngantêp panumbakira | Dipati Pugêr tan gingsir | putung watangnya | sigra amarêpêki ||

50. sarywa narik dhuwunge sira dipatya | anulya dèn larihi | kêna dhadhanira | Sindurêja aniba | datan kongsi piningkalih | angathang-athang | surake wanti-wanti ||

51. Kandhuruwan maring ngarsa sumbar-sumbar | rêbutên ing ajurit | ajana ngucira | payo padha prawira | angikal watang kumitir | sing katarajang | wong Mataram angisis ||

52. Panêmbahan Purubaya wus uninga | wong Mataram angisis | agya lampahira | amapag Kandhuruwan | panêmbahan wus apanggih | ayun-ayunan | panêmbahan sigrangling ||

53. Kandhuruwan lah uwis gya lumayua | eman bok sira mati | kuwat pira sira | akulita dêmbaga | nadyan bêbalungan wêsi | sungsum gêgala | tan wande sira mati ||

54. Kandhuruwan asru dènira angucap | baya norana sêkti | wong ing alam donya | amung Ki Purubaya | budia ingsun [ingsu...]

--- 9 : 46 ---

[...n] kêmbari | pan durung ulap | ngong mungsuh wong Matawis ||

55. Kandhuruwan sigra numbak panêmbahan | kajêngkang-jêngkang angling | setan Kandhuruwan | numbak tan wruh prayoga | eman tanganira ugi | Ki Kandhuruwan | angling anggigit lathi ||

56. panêmbahan mèsêm dènnya angandika | usapana dèn ririh | iya tumbakira | mênèk kuthah ludira | eman-emane kang brangti | pasah kotumbak | angur matia cilik ||

57. Kandhuruwan anumbak sêngit kewala | putung watangirèki | angunus curiga | Kandhuruwan narajang | anuduk anitir-nitir | Pangran Purbaya | panggah datan gumingsir ||

58. panêmbahan sigra anarik curiga | dhuwung aran Ki Panji | sigra Kandhuruwan | sinuduk jajanira | malêsat tiba kabanting | wus kinakahan | sinuduk ngulung ati ||

59. Kandhuruwan sampun pêjah kapisanan | sigra Sang Adipati | Kulon anarajang | nulya sigra anumbak | kanan kerikering. dèn kêmbuli | putung kang watang | pangeran anglarihi ||

60. Ki Dipati Kulon sampun tinumbakan | jaja sami trus gigir | pan sampun palastra | surak kadi ampuhan | wong Mataram aningali | Pangran Purbaya | kinarubut ing jurit ||

61. kang lumayya pan sampun wangsul sadaya | sêdya apulih gêtih | surak lir ampuhan | kumrab sakèh gêgaman | wong Pathi tan kêna gingsir | kinêpang-kêpang | sampun akathah mati ||

62. Sawunggaling angamuk kagila-gila | liwung angobat-abit | kinarubut [ki...]

--- 9 : 47 ---

[...narubut] ing prang | dening wadya Mataram | singa kang katêmpuh gusis | wus kinathahan | kudane sampun mati ||

63. Sawunggaling lumayu narik curiga | dharat dènira jurit | sing kaparak bubar | Pangeran Purubaya | uninga ing Sawunggaling | nulyagya mara | manahe rada miring ||

64. dhuwungira Kyai Panji wus liniga | awor lawan pakathik | sêmana Sirarya | Sawunggaling wus pêrak | anulya dipun larihi | saking iringan | Sawunggaling malêsi ||

65. datan angsal Sawunggaling wus aniba | anulya dipun byuki | mring wadya Mataram | anulya tinalenan | wus binasta Sawunggaling | Rajamênggala | karsane anulungi ||

66. anarajang Rajamênggala anêngah | pangeran wus udani | nulya pinaranan | ya ta Rajamênggala | panumbake wanti-wanti | putung kang watang | pangeran anglarihi ||

67. angênani jaja têrus ing walikat | Rajamênggala mati | sira Adipatya | Bragola ing Santênan | ningali prajurit ênting | kalangkung merang | dipati kari mati ||

68. kapêdhake lawan wong kang kajinêman | sampun akathah mati | watara kang gêsang | kari wong kawan dasa | punika tan kêna têbih | wadya Mataram | singa kapurug gusis ||

69. Adipati Santênan pangamukira | lir Bimanyu upami | ing prang Bratayuda | rinêbat ing Kurawa | binêdhilan ngarsa wuri | ing kering kanan | mimis pindha garimis ||

70. tan tinolih dening Dipati Santênan | amung sri narapati |

--- 9 : 48 ---

pinlêng ing wardaya | adangu ingulatan | sigra anulya kapanggih | ênggèn sang nata | kudane dèn camêthi ||

71. sri narendra anitih kapal bêndana | pun Wagugên namèki | cêmêng ulêsira | gamêlira wotsêkar | dhuh sultan sampeyan salin | kapal bêndana | pun Wagugên puniki ||

72. aturipun awanti tan piniyarsa | sapisan kaping kalih | ping tiga kaping pat | kangjêng sultan ngandika | môngsa sun sêdya gumingsir | pan wus sun sêdya | ingsun barênga mati ||

73. wus tinitir Ki Bicak munya angangkang | wadya kang anèng ngarsi | samya alok sira | lah payo iki prapta | kapêdhak ingkang satunggil | alah ta ingwang | mati bubukên iki ||

74. Nayadarma kapêdhak bêkta ampilan | waose sri bupati | Kyai Barukarna | binêkta Nayadarma | anulya sigra apamit | sri naranata | angandika ing abdi ||

75. alah iya dèn satuhu wani sira | tumbakku Barukuping | sira tamakêna | Nayadarma tur sêmbah | sigra maring ngarsa aglis | wadya kapêdhak | samya arêbut dhingin ||

76. Adipati Pathi wus kinandhang-kandhang | wus parêk sang dipati | nulya anarajang | mring kapêdhak Mataram | prasamya anakêr wani | wus tinadhahan | sang dipati ing Pathi ||

77. kinarubut kudanira sampun pêjah | malumpat sang dipati | ngamuk lan curiga | sigra Ki Nayadarma | prênahe sampun kapering | sigra tinumbak | asru sang adipati ||

78. lambungira ki dipati [di...]

--- 9 : 49 ---

[...pati] ingkang pasah | dhasar sayah kariyin | anuli aniba | dipati wus palastra | rinêbut de wong Matawis | aparêbatan | angaku anatoni ||

79. sampun katur dhumatêng sri naranata | yèn dipati ngêmasi | kinèn ambêktaa | jisim dhatêng ngajêngan | kapêdhak sigra wotsari | nulya lumaywa | mring prênahing kang jisim ||

80. Mangunjaya uninga dipati pêjah | angrêbut tan kuwawi | anulya lumajar | mulih maring Santênan | angukup kang kari-kari | dyan kawarnaa | ingkang amundhut jisim ||

81. wong kapêdhak kewuhan pambêktanira | arsa pinandhi-pandhi | satru sri narendra | yun sinèrèt kewala | iki santana narpati | samya kewuhan | ana wong tuwa siji ||

82. aris mojar puniki karêp manira | sirahipun pinundhi | sikil sineredan | sadaya kapêthukan | sadaya dipun lampahi | sirah ingangkat | sukune dipun irid ||

83. aningali sang nata kalangkung suka | sampun prapta ing ngarsi | sang nata ngandika | lah padha adêgêna | iku jisime si adhi | wus jinaganan | ngandika sri bupati ||

84. tatabana apa gêgamane aprang | nulya dipun tatabi | pan ora gêgawa | katur mring sri narendra | angandika sri bupati | adhi Santênan | wus nora sêdya mulih ||

85. lah wiyakên lathine adhi Bragola | apa baya abrêsih | sampun pinariksa | katur rêgêd kang waja | angandika sri bupati | tan kobêr ika | asusur ta si adhi ||

--- 9 : 50 ---

86. amariksa sang nata ing wadyabala | sapa ingkang matèni | wadya atur sêmbah | sami apirêbatan | angandika sri bupati | lah Nayadarma | tarikên tumbak mami ||

87. pinariksa Ki Baru mêtu ludira | sang nata ngandikaris | lah Si Nayadarma | kang matèni adhimas | kawarnaa Sawunggaling | sampun binêkta | Endranata ningali ||

88. Endranata ngiwi-iwi asru ngucap | dening si nora lêwih | Sawunggatêl sira | mêngko uwis binêkta | angamuka sun taboki | langkung bramantya | Sawunggaling sru angling ||

89. nora isin sira ewan Endranata | mau malik kulambi | arêp ingsun tumbak | umpêtan awor kompra | dènira dêlap aurip | eman sang nata | maringi tunggak sêmi ||

90. eman-eman alinggih lampit si edan | jêjêrihjêjirih. wêdi mati | duraka nèng dunya | Endranata awirang | mundur alinggih ing wuri | sarwi angucap | ngadêk wong kênèng sarik ||

91. sampun katur Sawunggaling wus kabêsta | wus kinon amêjahi | sampun pinêjahan | Sawunggaling karênan | kalamun awèta urip | wirang nèng dunya | warnanên sri bupati ||

92. angandika sang nata mring Alap-alap | sira mintara aglis | lan Si Jagabaya | lan Arya Panularan | Si Ngabèi Wirapati | lan wong Mataram | milua urun mantri ||

93. bêboyonga maring nagara Santênan | poma sira dèn bêcik | yèn ana kang bôngga | anuli patènana |

--- 9 : 51 ---

yèn wus mati kang prajurit | dèn boyongana | dèn ênting aja kari ||

94. sarupane wong wadone ing Santênan | yèn bojoning priyayi | lah sira tandhua | aja kongsi lumampah | lawan anggawaa joli | bok ipe benjang | sira tunggangna joli ||

95. Alap-alap lan Tumênggung Jagabaya | Panular Wirapati | wus sami tur sêmbah | nulya bubar sadaya | datan kawarna ing margi | warnanên sira | Mangunjaya kang prapti ||

96. wus malêbu jroning pura sung uninga | mring garwane dipati | yèn kang raka seda | tumpês sabalanira | ya ta kang garwa samyanjrit | wong dalêmira | gumuruh samya nangis ||

97. sêsambate pan sami kawêlasarsa | umyang swaraning tangis | lir pendah ampuhan | sakyèhing para garwa | sêsambate amlad ati | aniba-niba | wênèh gulung ing siti ||

98. putranira kang aran Rahadèn Rôngga | samya dipun tangisi | adhuh putraningwang | êndi ta ramanira | sapa wlas ing sira gusti | dhuh anak ingwang | kakang êmas dipati ||

99. jêngandika tilar putra maksih jabang | dèrèng wruh ing amukti | adhuh putraningwaputraningwang. | dhuh gusti sira lola | kang putra marêbês mili | sajroning pura | gumêrah punang tangis ||

100. para garwa prasamya agêgulungan | ana asambat mati | ana sambat bapa | wênèh sambat lakinya | pundi ujarira asih | dhatêng kawula | pundi tandhaning mangkin ||

101. pan kawula têka [tê...]

--- 9 : 52 ---

[...ka] tuwan tega tilar | andika seda dhingin | dhuh kakang dipatya | kawula dika bêkta | datan sagêd ingsun kari | sang adipatya | gawanên ingsun mati ||

102. kapanggiha dika ing akerat kana | tulusa dika asih | dhatêng ing kawula | ênêngêna jro pura | ingkang gumêdêr anangis | ya ta kocapa | wadyabala Matawis ||

103. sampun prapta malêbêt sajroning pura | anèng pasar abaris | ya ta kawarnaa | wadyabala Santênan | ingkang tinanggênah wingking | atêngga pura | sampun anêdya mati ||

104. mantri papat pan sampun anêdya bela | dhatêng sang adipati | pun Suraprameya | lan pun Rôngga Jaladra | Surantaka tiganèki | pun Pangalasan | kapat trahing prajurit ||

105. wong sakawan sampun prayitna sadaya | warnanên kang wus prapti | wadya ing Mataram | apan sampun uninga | yèn ana kang bôngga wingking | samya prayitna | ngalun-alun wus prapti ||

106. wong Santênan winatara kathahira | wong kalih atus nênggih | sigra atêngara | Dêmang Suraprameya | sarêng mangkat kang prajurit | angamuk rampak | sadaya ambêg pati ||

107. kinarutug ing mimis wadya Santênan | nanging tan arsa gingsir | akathah kang pêjah | pan dèn idêk kewala | datan wontên nêdya urip | wadya Mataram | iya tan nêdya gingsir ||

108. pangamuke wong Pathi lir Singalodra | galak tanpolih bukti | pan kakehan lawan | wong Pathi kathah pêjah |

--- 9 : 53 ---

prajurite angawaki | sigra narajang | ngamuk angobat-abit ||

109. wong Mataram prasamya sudiranira | pan sampun anginêbi | Ki Suraprameya | angamuk kadi yêksa | singa katarajang ngisis | Ki Alap-alap | kudane dèn camêthi ||

110. wus atêmpuh yuda lan Suraprameya | rame ukih-ingukih | Ki Suraprameya | asru panumbakira | Ki Alap-alap atangkis | watangnya kontal | nulya tinumbak wani ||

111. wus ginêbang putung watange kasingsal | Alap-alap nglarihi | jajanira pasah | ludiranya daladag | Suraprameya wus miris | angêmban brana | mundur andêdagangi ||

112. Kyai Rôngga Jaladra pangamukira | dahat angobat-abit | Ki Arya Panular | sigra nulya narajang | sampun têmpuh ing ajurit | tumbak-tinumbak | sami sudira kalih ||

113. Ki Panular anumbak Rôngga Jaladra | asru dènira tangkis | nanging kadharadhag | kêna gulu iringnya | watara pasah sajari | Rôngga Jaladra | mundur amêmêcati ||

114. Surantaka angamuk saya anêngah | sigra Ki Wirapati | nyandhak pangawinan | nandêr nulya narajang | tumbake tan angundhili | mudhun sing kuda | samya dharat ajurit ||

115. Wirapati anyêndhal mring Surantaka | dhinosok pan kawalik | Surantaka tiba | dhêdhangkak tibèng lêmah | ambanjur sinuduk titis | Ki Surantaka | mundur anuli mati ||

116. Jagabaya aprang lawan Pangalasan | rame

--- 9 : 54 ---

ukih-ingukih | tan ana kasoran | samya sudira ing prang | Alap-alap anulungi | angêmbat watang | anumbak saking kering ||

117. Pangalasan kêna pêpilinganira | mundur pan ora eling | anulya aniba | anèng têngahing lawang | sêsèndhèn pipining kori | sampun palastra | nanging misih alinggih ||

118. sira Dêmang Suraprameya patinya | kêndhaga dèn liyangi | Ki Wirajaladra | mati ngrungkêbi lawang | Mangunjaya aningali | prajurit têlas | lumayu mring jro puri ||

119. sampun prapta ing pura Ki Mangunjaya | gumêr swaraning tangis | sigra Mangunjaya | ngulati Radèn Rôngga | saksana sira kapanggih | nulya binêkta | mêdal saking jro puri ||

120. Mangunjaya mêdal saking wêwingkingan | sêdya angungsi wukir | ing gunung Prawata | ênêngêna saksana | ucapên wadyèng Matawis | malêbèng pura | gumrah swaraning tangis ||

121. Alap-alap lan Tumênggung Jagabaya | sampun dènnya nitèni | sakèh rajabrana | lawan wong dalêm pisan | Alap-alap amarani | maring sang rêtna | wuwusira wor gêndhis ||

71. Dhandhanggula

1. sang juwita alara anangis | Alap-alap tan kêna marêka | maksih atêbah prênahe | sakèh wong dalêmipun | samya nangis pating jalêrit | wênèh aniba-niba | sinjangnya kagulung | tan etang supe kagungan | wênèh nglingkap tapihnya tumêkèng kuping | pijêr supe karuna ||

2. para sêlir sangêt dènnya nangis | gêgulungan ing

--- 9 : 55 ---

saparanira | kagulung sumur sirahe | nuju sat sumuripun | pan kajungkêl sirah nèng siti | brahalane anglela | gumêbyar lir bêruk | wong Mataram kang tumingal | pan mancêrêng lwir kucing mulat cêcindhil | anulya tinulungan ||

3. wontên inyane ika satunggil | angangên-angên sajroning nala | kaya kapriye wêkase | agung sami amuhun | môngsa iki kandhêga tangis | ingsun môngsa wurunga | binoyong ing besuk | ni inya aris angucap | mring Tumênggung Alap-alap ing Matawis | nyai inya anêmbah ||

4. lah kiyai mangke kadipundi | rekandika gusti ing Santênan | lah kadipundi ing mangke | Alap-alap amuwus | alah nyai kadi punapi | ing reka jêngandika | kawula tan purun | yèn kawula masesaa | yêkti ajrih kawula dhatêng sang aji | pamothahe Ratu Mas ||

5. nikèn inya wuwuse aririh | lah kiyai joli pakanira | linêbokêna dèn age | mangke kawula matur | sun ririhe sang raja putri | manawa kêna lêjar | dening atur ingsun | sigra ni êmban lumampah | sampun prapta ing ngarsane sang suputri | rada kapara ngarsa ||

6. solahira Lap-alap kapati | nikèn inya andhepok nèng lêmah | amlasasih ing tangise | dhuh nyawa gustiningsun | lah kèndêla gusti rumiyin | punapa ingkang wêkas | tansah anggung wuyung | dawêg gusti linampahan | wus wayahe wong lanang mati ajurit | wong wadon [wa...]

--- 9 : 56 ---

[...don] dadi tawan ||

7. sang suputri tan kandhêg anangis | lara-lara dènira karuna | wong dalêm anangis kabèh | inya tan kandhêg matur | sênggruk-sênggruk bari anangis | dhuh gustiku mas nyawa | mindêla karuhun | lêhêng maraa priyôngga | sampun kongsi ginêpok wadya Matawis | gusti dados punapa ||

8. nikèn inya asru anayuti | lah mênênga wong dalêm sadaya | aja angrundah atine | pan gusti lagi liwung | têka padha anjurung tangis | balikan adandana | lan ngolanga sangu | lah sira môngsa wurunga | dipun bêdhol binoyong dhatêng Matawis | lah payo linampahan ||

9. sang juwita manahe wus gigrig | pan lagi mingsêk-mingsêk kewala | kèn êmban tumulya age | pinondhong sang dyah ayu | dyan ingunggahakên ing joli | para garwa sadaya | jinoli tinandhu | wong dalêm prasamya mêdal | cinawisan tandhu wus samya anitih | wênèh nunggang jro tundhan ||

10. sakathahe rabining priyayi | sampun sami tinandhu sadaya | wus bubar sing nagarane | sadaya tangis umyung | radèn alit samya anangis | ana anjaluk sêga | ana jaluk banyu | jaluk susu myang dodolan | pan akathah bêboyongan saking Pathi | lir pendah wong angarak ||

11. tandhu joli adulur pan asri | jajarane asri tiningalan | Tumbakbinang ing ngarsane | langkung pangrêksanipun | magêrsari para prajurit | kocapa

--- 9 : 57 ---

sri narendra | wus bubar karuhun | apan wus praptèng Mataram | sri narendra anggêganjar sakèh mantri | miwah para santana ||

12. duk bêdhahe nagara ing Pathi | sinangkalan sirnaning pandhita | tinata ratu babade |Sengkalan: sirnaning pandhita tinata ratu (1570 A.J.). sêmana sang aprabu | amariksa dhatêng sang putri | purwane lakinira | ing pambalikipun | katur yèn pun Endranata | angadoni kang botên agawe bêcik | sang nata asru duka ||

13. duk sêmana sira sri bupati | sampun miyos wau siniwaka | kandhêg ing sitinggil age | pinarêk sitiluhur | Martalulut kang dèn timbali | lah wong singanagara | ngandika sang prabu | Martalulut Singabraja | sudukana Si Endranata dèn mati | ana ing pagêlaran ||

14. wadya Mataram pan samya ajrih | aningali dukanira sultan | pan sami kucêm mukane | Endranata wus lampus | pan binêdhèl usus ingambil | wus kinarya balabar | anèng pasar agung | sri narendra sampun jêngkar | angadhaton sakèhe wadya Matawis | kang mati ginupita ||

58. Pangeran Pêkik dhaup kalihan Ratu Pandhansari lajêng kadhawuhan nêlukakên Panêmbahan ing Giri

15. wus mangkana ing alami-lami | sri narendra miyos siniwaka | pêpak wadyabala kabèh | miwah santananipun | Panêmbahan Purubayèki | kang tansah munggwing ngarsa | punika tinantun | kangjêng sultan angandika | lah ta wau Purubaya kadipundi |

--- 9 : 58 ---

prakawis Surapringga ||

16. ingkang rama wartane wus lalis | ingkang kari amung anakira | Ki Mas Pêkik pêparabe | puniku karsèng ulun | ingsun sèngi marang Matawis | arsa uninga ingwang | panêmbahan matur | punapa ing karsa nata | ulun iki umiring sakarsa aji | apênêd katimbalan ||

17. tan kawarna polahira prapti | Surabaya pangeran kapêdhak | ana ing padhukuhane | Ngrêrèpèh wastanipun | Alap-alap anuli prapti | andhawuhkên timbalan | kawula ingutus | dening raka jêngandika | ing Mataram punika karsa pêpanggih | kalawan jêngandika ||

18. pan andika tinimbalan aglis | ing Mataram lawan ingkang garwa | kinèn bêkta sawarnine | sawiji sampun kantun | tan lênggana Radèn Mas Pêkik | sigra nulya adandan | sanak putunipun | Ki Alap-alap utusan | mring Tumênggung Sapanjang anuli prapti | samya kinèn adangdan ||

19. angiringna ing Radèn Mas Pêkik | dèn karêksa yèn anèng dêdalan | anulya adangdan kabèh | sigra wus bubar wau | Alap-alap Radèn Mas Pêkik | miwah wong Surabaya | rumêksa ing pungkur | datan kawarna ing marga | sampun prapta wau ing Butuh siraglis | angujung ing astana ||

20. pan asare ngastana sawêngi | Ki Mas Pêkik asare ing dagan | têngah dalu ing wayahe | ana swara karungu | angsung pemut dhatêng Mas Pêkik | alah Ki Surabaya | wruhanira besuk | ing Pajang

--- 9 : 59 ---

ana narendra | putunira kacêtha dadi narpati | ana ing Wanakarta ||

21. kang ingaran ta Sang Ratu Kuning | iya iku kaki putunira | sakilèn tithakitha. prênahe | kagyat sira awungu | wus raina anulya angling | mring kang tunggu astana | lah sira angrungu | ing swara tan katingalan | Pajang kene cinêtha ana narpati | anênggih putuningwang ||

22. kang ingaran ta Sang Ratu Kuning | kadhatone nênggih Wanakarta | ki kunci dhingkul linggihe | Radèn Mas Pêkik muwus | lah karia kang tunggu kunci | sigra anulya bubar | tan kawarnèng ênu | Ki Tumênggung Alap-alap | angaturi uninga dhatêng Matawis | matur ing sri narendra ||

23. lamun Radèn Mas Pêkik wus prapti | sri narendra miyos sinewaka | pêpak wadyabala kabèh | miwah santananipun | pêpak kabèh samya tinari | sultan aris ngandika | mring kang pinisêpuh | lah ta uwa Purubaya | kadipundi yèn mangke Radèn Mas Pêkik | têka ing ngarsaningwang ||

24. sapa sintên kang yogya ngabêkti | lamun prapta punapi manira | ngabêktia sapatute | punapa awak ingsun | ingkang patut dèn kabêktèni | pakanira rasakna | ing sapênêdipun | panêmbahan sigra mojar | yèn kawula inggih ta Radèn Mas Pêkik | kang pantês ngabêktia ||

25. mapan sampun kungkulan nrêpati | botên-botên kawula kang nistha | pan sampun kawon kawruhe | ing mangke yêktinipun | tinimbalan dhatêng ing ngarsi | tan kawasa lênggana | milane sang prabu | pantês punika kang nêmbah |

--- 9 : 60 ---

sri narendra suka angandika aris | lêrês uwa andika ||

26. angandika sang sri narapati | wong agandhèk sira gêpahêna | Radèn Mas Pêkik marene | wong gandhèk awotsantun | tan asuwe wus dèn timbali | sigra Ki Alap-alap | lampahe lumaju | ing alun-alun wus prapta | sigra pepe anèng sakidul waringin | kurung sami agêlar ||

27. sarayatira Radèn Mas Pêkik | pan binêkta apepe sadaya | wus katur sang nata age | pan tinimbalan sampun | ya ta prapta ngarsa nrêpati | Pangeran Surapringga | umarêk tumungkul | dhuwung sumalah ing lêmah | sakalangkung ajrihira ing nrêpati | muka konjêm pratala ||

28. dDhasar sangêt ajrih Radèn Pêkik | katanggung dening sih sri narendra | datan tumênga mukane | lwir surya kêmbar iku | sênênira Sultan Matawis | sakwèhing wong pan merang | mwangrêpa tumungkul | Adipati Surapringga | sigra matur mring jêng sultan ing Matawis | pêjah gêsang kawula ||

29. pan sumôngga katur padukaji | mila botên asowan ing sultan | tan môntra wadi gawene | dadya salah mring ulun | dening warêg boga pangasih | mudha dimudhadama | tan môntra ing sêmu | myang paduka naradipa | dènnya sêkti sineba ing wong sabumi | anyakrawati ing rat ||

30. lwir katurunan lelatul kadri | kadhawuhan andika sang nata | animbali gagêbale | lwir malekat tumurun | mring kawula mojar sajati | padhange tyas [tya...]

--- 9 : 61 ---

[...s] kawula | midhangêt pukulun | saandika sri narendra | langkung manis kawula dahat agipih | marêk dhatêng paduka ||

31. kangjêng sultan suka ing jro galih | amiyarsa aturing dipatya | ing Surabaya sumèlèh | sultan ngandika arum | mring dipati ing Surabanggi | mila sira ngong undang | pêpanggih lan ingsun | wus pinasthi ing Hyang Suksma | patêmone lwir surya kalawan sasi | sêdhênge sasadara ||

32. wus raina sang yyang surya mijil | sapandulon rêke lawan côndra | iya iku patêmane | sakêdhap sasi surup | timbangane surya lan sasi | salah siji ilanga | pasthi jagat suwung | upama manira surya | Ratu Pêkik upama ta sira sasi | pasthi timbangan ingwang ||

33. tanah Jawa iya ing Matawis | pêkênira yèn ora nanaa | yêkti rusak puwarane | jênêng Mataram puput | yèn tan têmu lan sira malih | sira pama têlaga | pancurane ingsun | pasthi sira nadhahana | toya agung talaga yèn tan nadhahi | yêkti puwara asat ||

34. para ingsun trêsna ingkang ati | yayi Surabaya lir êmbanan | ingsun ingkang sêsotyane | ywan sêsotya puniku | upamine tan dèn êmbani | puwara galundhungan | sirna tan kadulu | sêsotya tanpa êmbanan | cahya mancur akèh kang wong aningali | arsa angêmbanana ||

35. lah Dipati Surabaya kaki | sira wismaa anèng Mataram | mêksiha ing kadipatèn | nagaranira iku | sun wèhakên [wèhakê...]

--- 9 : 62 ---

[...n] ing sira maning | wadya ing Surabaya | ja owah kang laku | kang linggih lampit kandhaga | apan iya maksiha linggihe lami | aja owah lan saban ||

36. Surabaya kalawan Matawis | apan tunggal Ratu Pêkik ika | darbe bandara kêkalèh | lamine tan winuwus | adipati ing Surabanggi | pan sampun tinariman | lan rayi sang prabu | Ratu Pandhan wastanira | kang kagraha dènira Sang Ratu Pêkik | sampun amor asmara ||

37. wus alami dèniramor rêsmi | Ratu Pêkik lawan ingkang garwa | lan Ratu Pandhansarine | sultan anèng kadhatun | angandika maring ing cèthi | timbalana riningwang | Ratu Pandhansantun | matura yèn ingsun gêrah | yèn dèn wèhi nuli mintara dèn aglis | matura mara ringwang ||

38. sigra mentar punang cèthi prapti | tan asuwea Kasurabayan | sigra prapta ing ngarsane | Ratu Pêkik puniku | punang cèthi anulya angling | pan kawula punika | singgih dipun utus | dhatêng raka jêngandika | kangjêng sultan nênggih kinèn angaturi | dhatêng rayi sampeyan ||

39. kangjêng sultan lagya gêrah nênggih | ingkang wêling raka jêngandika | lamun si awèh lakine | lumêbuwèng kadhatun | dèn tinjoa gêrahku iki | yèn lakine tan suka | aja ta lumaku | Adipati Surabaya | têbah jaja sumôngga ing asta kalih | tan kenging lêngganaa ||

40. sigra mangkat Ratu Pandhansari | wus malêbêt sajroning kadhatyan | sigra prapta

--- 9 : 63 ---

ing ngarsane | kangjêng sultan awungu | sira ratu ing Pandhansari | ngabêkti mring kang raka | mangusapi lêbu | Ratu Pandhan atur sêmbah | kakang aji punapa sampeyan sakit | manah ingwang kampita ||

41. kangjêng sultan angandika aris | ariningsun lêwih saking lara | ana ing ati ênggone | sun rasa saya ngranu | ing larane kang anèng ati | dening ana pandhita | Giri dèrèng nungkul | durung aseba maringwang | iya iku kang dadi laraning ati | tan ana têtambanya ||

42. tanah Jawa ingsun kang ngrêsiki | wus arata para ratu kalah | ingsun pêrang ing kalahe | milane Giri iku | tan sun rusak nagarèng Giri | sun kalahakên ing prang | durung pasthinipun | wus pinasthi Giri ika | mring pandhita kang pasthi jayaning jurit | ngalahakên pandhita ||

43. sakathahe kang adoh ing jawi | pasthi kalah maring lakinira | wus kasoran lêluhure | Susunan Giri dangu | pan gêguru mring sang ayogi | Susunan Ngampèldênta | iku purwanipun | atapa kathah yowana | tanah Jawa sadaya sami lumiring | angalahkên ing pêrang ||

44. sigra mulih Ratu Pandhansari | sampun prapta ing Kasurabayan | wus panggih lawan lakine | manêmbah ngaras suku | ing pratala Sang Ratu Pêkik | garjita ingkang manah | prapta garwanipun | anarka yèn ana karya | Adipati Surabaya wruh ing wangsit | mênêng ngêmu sasmita ||

45. tan winarna lamine ing mangkin | Ratu Pandhansari sinarenan |

--- 9 : 64 ---

sampun dènnya akarêsmèn | sêsampuning pulangyun | Ratu Pandhan angling bêbisik | kang karsa kangjêng sultan | wus babar maringsun | Adipati Surabaya | sigra mojar sun sêngguh nora kayèki | kang karsa kangjêng sultan ||

46. yèn wêruha kang karsa nrêpati | amrih rusak kang Giri pandhita | pinrih idhêpe ujude | wus kagêm ngastaningsun | sampun anèng sêlan jariji | pandhita ing aldaka | ing sapasthinipun | warata môngsa mênanga | upamane lwir amijêt wohing ranti | pasthi kalamun bêdhah ||

47. Ratu Pêkik aris dènirangling | mring sang rêtna manira nanêdha | Ratu Mas iku jatine | lah aturêna ingsun | saosêna sowan narpati | apan ingsun akarsa | pamit ing sang prabu | kang garwa datan lênggana | sigra mangkat wus prapta ing dalêm puri | sarimbit tinimbalan ||

48. sapraptane kalih ngarsa aji | adipati lawan Ratu Pandhan | wus atur bêkti kalihe | sumungkêm anèng lêbu | dalamakan sang sri bupati | sang prabu angandika | kayapa sirèku | pandhita ing Giripura | sayêktine sun têmpuhakên sirèki | nungkule sang pandhita ||

49. Ratu Pêkik umatur wotsari | paduka nata datan lênggana | nênggih atur kawulanggèr | Surabaya Sang Prabu | andhatêngna mêngsah kang sêkti | anênggih rajèng Cina | miranti ing gunung | wong Surabaya tan obah | yèn suwawi kalawan paduka aji | kawula minta duka ||

50. wontên dene Rêtna Pandhansari | ngong turakên ing ngarsa

--- 9 : 65 ---

paduka | sumôngga dhatêng sang angrèh | wontêna ing kadhatun | pan wong èstri angrêribêdi | upamingong ajaka | lumampah anglurug | yêkti botên dados bôndha | têmpuhing prang satêmah tan kobêr jurit | pijêr ngrawati garwa ||

51. sri narendra gumujêng saryangling | karsaningsun yayi garwanira | para gawaa ing mangke | mapan sasêdyaningsun | rabinira sadulur mami | barênga pêjah gêsang | lawan rabinipun | pan wus wayahing wanodya | yèn kang lanang kalah ing jurit ngêmasi | bojo dadi boyongan ||

52. Ratu Pêkik tumulya wotsari | pan anuhun sih paduka nata | tan lênggana ing karsane | tumulya sami mantuk | Ratu Pêkik lawan kang rayi | manêmbah ri suku sang | mangusapi lêbu | kangjêng sultan angandika | alah rara sira ta aja gumingsir | barênga pêjah gêsang ||

53. Adipati Surabaya aglis | sinangonan êmas lan salaka | arta lawan busanane | Ratu Mas sinung sangu | panganggone kang luwih adi | rêtna lawan kancana | artanipun agung | jêng sultan nulya andonga | salamêta yayi dènira ajurit | mênanga yudanira ||

54. atur sêmbah sira sang dipati | lan kang garwa anulya lumampah | sampun prapta ing dalême | wong Surabaya kumpul | wus winartan yèn arsa mulih | sigra sami adandan | sawadya akêbut | sang dipati sampun bubar | sing Mataram kalihan lawan kang rayi | tan kawarna ing marga ||

55. sampun prapta nagaranirèki |

--- 9 : 66 ---

Surabaya nulya atêngara | amêpêk wadyabalane | sawadyanira rawuh | nulya marêk mring sang dipati | Ratu Pêkik ngandika | maring mantrinipun | hèh sakèhe mantriningwang | mulaningsun iki iya kêna mulih | ingutus andon yuda ||

56. kinèn gêpuk nagara ing Giri | para mantri tur sêmbah sadaya | angaturakên sanggupe | yèn sampeyan anggêpuk | dhatêng Giri mapan kacangking | gôndra pintên ing arga | pan karoban duduh | wadya Surabaya kathah | wadya Giri punika amung sakêdhik | pundi marganing mênang ||

57. karêp ingsun anak mas ing Giri | karsaningsun pan ora sun ambah | ingsun prih idhêpe bae | nungkula krana patut | wontên mantri matur satunggil | nênggih kawula mirsa | wartine sang wiku | adarbe anak-anakan | Endrasena punika digdaya sêkti | arsa magut ing rana ||

58. panggawene sang raja ing Giri | angrujuki sang ratu ing Cina | amapaga ing ngarsane | wadya punggawa purun | ngandêlakên lamun patitis | juritipun Ki Cina | bêdhil agêmipun | singa kang dèn bênêrana | pan waspada wadya Cina ambêbêdhil | rajèng Giri pracaya ||

59. angandika sira Sang Dipati | Surabaya sukur yèn Ki Cina | amapaga ing pêrange | môngsa mundura ingsun | alah uwis bêndhea aglis | sigra nêmbang têngara | gêgaman wus kumpul | prajurite sami prapta | sampun pêpak ing alun-alun abaris | ginêlar salobogan ||

--- 9 : 67 ---

72. Asmaradana

1. alèlèr-lèlèr waradin | prajurit lawan prawira | anulya kinèn ambêndhe | ambubarêna gêgaman | anulya tinangaran | anulya bubar kumutug | kadi wukir kawêlagar ||

2. sigra bubar sang dipati | kalawan wau kang garwa | anitih joli garwane | kang raka lumakyèng wuntat | nitihi kudanira | ginarêbêg wadyanipun | prajurit lumampah ngarsa ||

3. polahe lir banthèng kanin | lir Singalodra agalak | anggêgilani tandange | gêgamanira balabar | lir tasik tanpa wêkas | datan kawarna ing ênu | wus prapta ing Argapura ||

4. ênêngakêna rumiyin | Adipati Surabaya | rajèng Giri winiraos | wus ingaturan uninga | yèn arsa ingunggahan | mring wong Surabaya rawuh | praptane saglar sapapan ||

5. angandika natèng Giri | yèn mangkono wartanira | yêkti saolèh-olèhe | alah payo winêtonan | prange wong Surabaya | dadia têtindhihipun | putraningsun rajèng Cina ||

6. kawula anuwun ing sih | lami kawularsa-arsa | damêl dalêm salawase | sampeyan dipun pracaya | dhatêng awak kawula | pan kawula langkung purun | mungsuh prang wong Surabaya ||

7. nulya tinangaran aglis | mêpak ingkang wadyabala | wong Giri wus pêpak kabèh | sarta gêgamaning yuda | mêrbot modin sadaya | santrine sampun anglumpuk | kadi kuntul arêratyan ||

--- 9 : 68 ---

8. kêtib pangulu wus dhingin | pranakan lawan santana | Ki Cina senapatine | sami wong Cina balanya | kathahe winatara | ana kang wong kalih atus | wus manjing Islam saya ||Kurang satu suku kata: wus manjing Islam sadaya.

9. para santana ing Giri | sampun pêpakan sadaya | anitihi gêgamane | anulya sigra tangara | mangsêhmangsah. ing ranaganarananggana. | sêdyane barêng angamuk | sigra anulya umangkat ||

10. bêndhe bêdhuge tinitir | wong Surabaya uninga | nulya anata barise | putra Cina wus amapan | sami ngagêm sanjata | kang binêdhil nora luput | wong Surabaya kèh pêjah ||

11. karsanya angidêk wani | anulya kinaruwunan | wong Giri angamuk kabèh | wong Surabaya amapag | nulya campuh ing yuda | suraknya lir gunung rubuh | santrine sami bêbêsan ||

12. sakathahing wadya Giri | prasami ambêg palastra | dadya samya ngamuk kabèh | sinosog ing ganjur atap | binêdhil binrangkolang | tan kandhêg pangamukipun | wong Surabaya kèh pêjah ||

13. wus bubrah tataning jurit | wong Giri wus anèng têngah | pangamukira wus awor | barise pating salayah | gustine tan karuwan | wong Surabaya katawur | prajurite kathah pêjah ||

14. wong Surabaya angisis | wong cili sampun lumajar | prajurite bubar kabèh | ulate wus pandirangan | datan môngga puliha | ya ta kasaput ing dalu | kang amburu sampun sayah ||

--- 9 : 69 ---

15. wong Giri wus sami bali | wangsul maring prênahira | wadya Surabaya kabèh | prajuritnya sampun seba | dhatêng ing gustinira | sadaya sarêng umatur | ngaturakên pêjah gêsang ||

16. kawula tiwas ing kardi | wadya tuwan kathah pêjah | kang gêsang sami kapente | kaburu kapunthal-punthal | inggih tiyang aldaka | sadaya atêguh-têguh | sêdyane alêbu pêjah ||

17. putra Cina kang nindhihi | tuhu kalamun waspada | datan luput pambêdhile | wadya tuwan kathah pêjah | adipati miyarsa | ing ature abdinipun | ya ta angrês manahira ||

18. manahe sampun umiring | angraos datan kuwasa | tan anêdya pulèh gêtèh | Ratu Pandhan wus uninga | yèn kang raka kèwêdan | aris ing pamuwusipun | umatur dhatêng kang raka ||

19. yèn makatên ingkang jurit | kawula anêdha lila | pêrange sun dandanane | kang raka gupuh ngandika | dhuh gustiningsun nyawa | ratuning salwir ing santun | kayaparan karsanira ||

20. wadyanira masku ari | balanira akèh pêjah | kang garwa aris ature | sok uga dika lilaa | manawi ta kawula | sagêd mulihakên purun | kang raka asru ngandika ||

21. sakarsanira mas yayi | ingsun pan ora sawala | dhatêng andhèrèk kemawon | sigra anulya raina | Ratu Pandhan wus mêdal | pinarêk têtarub agung | akalihan lan kang raka ||

22. sineba dening ing mantri | Ratu Pandhan angandika | mring wadyabalane

--- 9 : 70 ---

kabèh | hèh wadyane lakiningwang | iki darbe manira | reyal amung wolung èwu | dumên lan wong wêwingkingan ||

73. Pangkur

1. sakathahe wadyanira | pan sadaya wus linèlèr waradin | arta lan busana luhung | sakèh prajuritira | kabèh sampun tampi ganjaran dyan ayu | pan dinum kadi ranjapan | sadaya sampun waradin ||

2. siji tanna kaliwatan | sakathahing prajurit Surabanggi | Ratu Pandhan ngandikarum | lah kabèh wadyaningwang | iya sakèhe ganjaran ingsun iku | lah padha sira gawea | angingoni anak rabi ||

3. ing besuk yèn mulih sira | praptèng omah aywa sira kawatir | pan ingsun mulih ing besuk | iya marang Mataram | apan ngaturakên pêjah gêsang ingsun | pan wus karuwan prangira | angrasa tan angudhili ||

4. sun umatur kangjêng sultan | lamun kalah anggonira ajurit | pan yêkti yèn kajodhiku | iya ing pêrangira | apan kabèh prangira padha kaburu | mantri akathah kang pêjah | samawana wadya alit ||

5. sakèhing para prawira | apan padha matur sarwi anangis | miwah pra prajuritipun | kabèh sami karuna | saha bêkti ature ing radèn ayu | dhuh gusti kamangkarannya | andika adarbe kardi ||

6. kawula datanpa ngrasa | yèn têksiha karya jurit puniki | kawula gusti anuhun | ing duka jêngandika | kenging tan kenginga ulun lalu lêbur | môngsa kawula gingsira | kabèh matur kang prajurit ||

--- 9 : 71 ---

7. kawula gusti ing benjang | atandhing prang lan putra ing Cinèki | pan kawula dèrèng wêruh | tètère gêng-agêngan | wong ing Giri ing pêrange kang ginunggung | ingkang aran Endrasena | kang wasis angagêm bêdhil ||

8. dahat kawula akarsa | anggandhènga kônca tandhing kawanin | sawênèh ana amuwus | sikêp kawratan dana | pan gumuruh samya angajak prang pupuh | lah payo padha apêrang | mupung ingsun sugih wani ||

9. pasthi sèwu sisih ingwang | lamun nyandhang ing pêpikul lan mami | sawênèh ana amuwus | salêksa sisih ingwang | yèn wus ngangkat karanjang êmbatan ingsun | Ratu Pandhan angandika | yèn sira amagut jurit ||

10. ingsun akarsa uninga | iya polah ingwang arêbut jodhi | kalangkung kapengin ingsun | ayun wruh wong ayuda | kang prajurit anêmbah sami umatur | dhuh gusti atur kawula | sampun sampeyan ningali ||

11. prajurit kadi gupala | tanpa ngraos yèn gusti kongsi uning | Ratu Pandhan aris muwus | hèh prajurit sadaya | wruhanira ujare lêluhur ingsun | prajurit langkung digdaya | ing Jawa tan ana tandhing ||

12. saking ramaji ing kuna | pan linêpih marmane ingsun ugi | anjaluk tingkah prang pupuh | prajurite sadaya | saha bêkti ature mring gustinipun | pan kula maksih nèng dunya | kenging tan kenginga gusti ||

13. anggèr ing atur kawula | sampeyan kèndêla gusti rumiyin | ecaa apulang lulut | sampun sampeyan [sampe...]

--- 9 : 72 ---

[...yan] mêdal | tulusa anggèr wontên têtarub agung | kawula kang amaguta | Ratu Pandhan angling aris ||

14. alah iya sun tarima | muga winalêsa dening Hyang Widi | Ratu Pandhan aris muwus | mring prajurit sadaya | alah padha asingidana sirèku | yèn mêngko campuh ing yuda | dene ingsun têngarani ||

15. yèn bêdhil muni ping sapta | alah poma iya wawêkas mami | mring sakèh prajurit ingsun | yèn wus kuwur ing yuda | aglis anêmpuha dèn ngantêp prang pupuh | Ratu Pandhan wus lumampah | ingiring para prajurit ||

16. nèng ngiringan rada têbah | kang prajurit anulya angundhangi | Ratu Pandhan sikêpipun | sadaya sarêng prapta | nulya binusanan punang sikêp sampun | angangge kang murub muncar | dinulu alah prajurit ||

17. kabèh sikêp Surapringga | kulambine abra sangkêlat abrit | ana ijo kuning iku | kang kalambi sangkêlat | sawênèh sora-sari kulambinipun | sami trênggos kulukira | sarya sinondheran sami ||

18. ngajrihi yèn tiningalan | Ratu Pandhan nulya siyaga aglis | saksana umangkat sampun | wau Sang Ratu Pandhan | tansah kalihan lawan ing kakungipun | Adipati Surabaya | lwir grah swaraning wadyalit ||

19. sang prabu ing Giripura | apan sampun miyosi ing ajurit | bala Surabaya sampun | samya awas tumingal | datan nganti tinêngaran tandangipun | wong sikêp ing Surabaya | anulya pating barêkik ||

--- 9 : 73 ---

20. suraking bala lwir gêrah | wong ing Surabaya malatar sami | koningan mring natèng Gunung | sigra mêdali enggal | akalihan lawan putra Cina iku | ingkang aran Endrasena | pan sampun angagêm bêdhil ||

21. saksana wong Surabaya | singa ingkang binêdhil apan kêni | nanging wong Surabayèku | datan arsa mundura | tan tinolih kang pêjah ingidak purun | tandange wong Surabaya | datan sêdya angunduri ||

74. Durma

1. pan karasa pêparinge Ratu Pandhan | sêdya amalês bêcik | pan pating gulibrah | sikêp ing Surabaya | angamuk saya nêngahi | sikêp kang koswa | lwir ombaking jaladri ||

2. sampun rakêt kang aprang tumbat-tinumbaktumbak. | rame agênti kêris | pan pêdhang-pinêdhang | ana kêkanthèn asta | sawênèh bithi-binithi | putra ing Cina | ngamuk angobat-abit ||

3. putra Cina pangamuke saya nêngah | kadi banthèng akanin | anglir singa galak | sing katarajang bubar | wong Surabaya tan pulih | bubar lumajar | wong Surabaya ngisis ||

4. Ratu Pandhan uninga balane rusak | sigra nulya nudingi | maring balakoswa | kinèn mêtu sadaya | bêdhil sampun dèn sulêdi | muni ping sapta | prajurit angawaki ||

5. dipun lambung wong Giri wus tinumbakan | nanging datan udani | bubar kasulayah | pêpati ting jalêmpah | wong Giri bubar angisis | putra ing Cina | kinêpung ing prajurit ||

6. putra [pu...]

--- 9 : 74 ---

[...tra] Cina angamuk sabalanira | tandange gêgilani | apan katadhahan | wong Cina ngamuk rampak | sadaya anêrêg wani | pating gulasah | prajurit akèh mati ||

7. kagegeran wong Cina giris sadaya | arsa ngamuk awêdi | saksana lumajar | sami angungsi arga | kang kari padha akanin | pating sulayah | sadaya sami ngungsi ||

8. ana ingkang angungsi raja pandhita | wênèh arêbut rabi | wênèh ngungsi jurang | ana ngungsi sagara | ing Giri wus dèn ubêngi | baris angêpang | ing Giri samya gusis ||

9. kawarnaa Ki Dipati Surabaya | minggah dhatêng ing Giri | lawan ingkang garwa | prajurit anèng ngarsa | pinapag ana ing margi | dening wanodya | garwane sang ayogi ||

10. samya nangis garwane raja pandhita | sadaya angabêkti | dhuh karsa punapa | anggèr nêdha kawula | apuranên sang ayogi | lêhêng gêsanga | yèn kenging kula gusti ||

11. angandika dipati ing Surabaya | hèh wanodya ing Giri | datan sêdya paran | yèn kêna ki pandhita | mulane sun têkèng riki | yun têmu dhawak | kalawan sang ayogi ||

12. sêdyaningsun imantu mring lakinira | nora ingsun patèni | yèn kêna elingna | nungkula mring Mataram | ngaturêna pati urip | nora anyana | lamun amapag jurit ||

13. laminira yèn pikire atiningwang | têkaa ngarsa mami | ywa salah balila | lah mara timbalana | lan aja anggawa kêris | lah dèn aenggal |

--- 9 : 75 ---

têkaa ngarsa mami ||

14. ingkang garwa sami ningali sadaya | umarêk maring laki | prasamya anêmbah | gusti atur kawula | andika dipun timbali | mring sang dipatya | prabu ing Surabanggi ||

15. pan agêpah saure raja pandhita | nulya dandan siraglis | tan mawi curiga | sampun prapta ing ngarsa | sang pandhita atur bêkti | mring sang dipatya | pandhita langkung ajrih ||

16. angandika sang prabu ing Surabaya | marang sang pandhitaris | paran karsanira | sira pan ingsun gawa | maring Surabaya mangkin | sira ngidhêpa | maring Sultan Matawis ||

17. sang pandhita ing Giri ing aturira | datan lênggana gusti | pan wus karsaning Hyang | wêktu ing kina-kina | inggih bumi langit iki | singa gethanga | dados asmara ngati ||

75. Asmaradana

1. angrês manahe dipati | ningali ing mantunira | sarwi angandika alon | aja maras atinira | sun gawa mring Mataram | asowan marang sang prabu | sarwi sira tinakonan ||

2. kawula dhatêng nglampahi | adipati angandika | ing wadyabalane kabèh | lah ta sira jaganana | wadya matur sadaya | yèn sawawi ing sang prabu | sang pandhita pinêjahan ||

3. mila atêmahan jurit | abdi dalêm kathah pêjah | saking pandhita angsale | sang dipati angandika | ingsun ora winênang | amêjahi sang awiku | pan dudu bubuhan ingwang ||

4. lah ta benjing putu mami | kang numpês ing Giri ika | lah ta uwus dipun age | anulya sira tandhua | anuli sang pandhita |

--- 9 : 76 ---

binêkta nuli tinandhu | miwah sakèh para garwa ||

5. wong cili wus dèn boyongi | sang dipati sigra bubar | datan kawarna lampahe | wus prapta ing Surabaya | wêtara laminira | asare mung gangsal dalu | arsa seba mring Mataram ||

6. sadaya adandan sami | sang pandhita wus binêkta | pawongan ginawa kabèh | miwah ingkang rajabrana | sigra anulya bubar | datan kawarna ing ênu | wus prapta sira Mataram ||

7. asowan sira sarimbit | malêbêt sajroning kitha | kang raka kandhêg ing regol | Ratu Pandhan sampun prapta | ing ngarsane jêng sultan | saksana sira acundhuk | sumungkêm ing padanira ||

8. sri bupati ngandikaris | lah ta êndi lakinira | kang rayi atur sêmbahe | inggih wontên paregolan | sang nata angandika | lah timbalana riningsun | malêbu ing ngarsaningwang ||

9. sampun tinimbalan aglis | tan asuwe nulya prapta | sumungkêm pada sang katong | ingandikan sigra nêmbah | matur saha wotsêkar | kawula paduka utus | anggêcêk ing Giripura ||

10. raja pandhita kalindhih | punika kawula bêkta | saha garwanipun kabèh | myang sarajabêrananya | mangke atur kawula | katura dhatêng sang ulun | sri narendra angandika ||

11. ingsun anarima yayi | saking karya pakanira | raja pandhita ing mêngko | ngong paringakên ing sira | miwah rajabarana | lan saisine ing Gunung | sira ingkang aduwea ||

12. anuhun [a...]

--- 9 : 77 ---

[...nuhun] sang adipati | sigra sinungan barana | miwah kang raja kaputrèn | dhumatêng Sang Ratu Pandhan | sang nata angandika | lah wis muliha sirèku | maring padalêmanira ||

13. kang rayi sarêng wotsari | mêdal saking jroning pura | anjujug maring dalême | sampun prapta wismanira | miwah ingkang boyongan | lawan rajabrananipun | wus sami dinum sadaya ||

14. sakèhe kang para mantri | ing Surabaya sadaya | wus sami dinuman kabèh | prajurit lawan satriya | lêlurah lan kabayan | warata dhatêng pêpikul | kêkucah lwir guladrawa ||

59. Adipati Mandura kadhawuhan ngrêbat Jakarta

76. Dhandhanggula

1. tan kawarna laminya ing mangkin | kocapa sang prabu ing Mataram | dawêg siniwèng wadyane | pêpak mantri tumênggung | jajarane apan arakit | tumbak lêmbing lan panah | bêdhil jajaripun | priyantaka pan ajajar | lan wong nyutra wong nulup nèng kanan kerikering. | pêpak anèng ing ngarsa ||

2. wong jagabaya jajarirèki | wong sangkragnyana samya ing ngarsa | wong priyantaka sambunge | wong wisamarta iku | kartiyasa sisihirèki | wirabraja ajajar | lan brajanalèku | wong kapilih anèng ngarsa | lan nirbita patrayuda jajarnèki | kalawan wong kanoman ||

3. wong anggandhèk mantri anom nangkil | lawan malih wong singanagara |

--- 9 : 78 ---

wong martalulut jajare | kabayan prênahipun | rada kiwa niyaga wingking | wong kidul kabèh seba | jajare wong mandhung | winastan wong astranôngga | maodara jagasura jodhipati | gowang lan margasara ||

4. apan pêpak sadaya anangkil | para bupati miwah santana | mungging ing ngarsa prênahe | kalayan malihipun | pinisêpuh wus samya nangkil | wong pasisir kalawan | môncanagarèku | wus pêpak samya aseba | kangjêng sultan sêmana ngandika aris | dhatêng Mandurarêja ||

5. uwa Mandurarêja ing mangkin | kita lumampaha ing ayuda | lah dadia têtindhihe | wong pasisir sadarum | pan adunên iku ing jurit | de mangke ing Jakarta | uwa wartanipun | kancika wonging Walônda | bupatine ing mêngko uwis kalindhih | nagara ing Jakarta ||

6. punika dika rêbut ing jurit | alah kenging maring wong Walônda | lah wadya pasisir kabèh | nuntên apranga cucuhpupuh. | Adipati Mandura aglis | mundur saking ing ngarsa | nuhun pamit sampun | sri bupati aris mojar | pakanira gawaa mariyêm mami | kêkalih kang prayoga ||

7. lan mêtua ing lautan benjing | anggawaa wong pasisir ika | adipati nêmbah malèh | bubar sing alun-alun | sapraptane wismanirèki | pra mantri myang santana | anom tuwa rawuh | Dipati Mandura mojar | mring santananira ingkang alit-alit | lah padha adandana ||

8. iya ingsun kinèn anindhihi |

--- 9 : 79 ---

ing pêrange wong pasisir ika | kangjêng sultan parentahe | Jakarta kinèn gêpuk | anundhunga wonging Walandi | sakèh santananingwang | miwah anak putu- | ningsun kabèh adandana | ananging pangrasaningong nora mulih | nadyan ingsun mênanga ||

9. pasthi lamun ingsun ora mulih | ya ta garwane sang adipatya | mirsa wuwuse lakine | samya anangis wau | sêsambate amêlasasih | myang nak putu wanodya | sadaya amuwun | kiyai kados punapa | andikane têka mêmarasi ati | kang raka aris mojar ||

10. apan uwus karsaning Hyang Widi | lah uwis padha sira karia | dèn padha abêcik bae | sira sawuriningsun | môngsa sira wurunga benjing | anusul maring ingwang | ing pangrasaningsun | sigra Pangeran Mandura | wus arakit sanjata tataning baris | sampun pêpak sadaya ||

11. miwah para mantri ing pasisir | apan sampun ngutusan sadaya | acawisa gêgamane | bêdhil agêng wus mêtu | sigra sampun putusan mulih | wau Ki Bahurêksa | akèn cawis sampun | sadandanan ing ayuda | Ki Dipati Mataram kabèh wus cawis | miwah Dipati Sampang ||

Lajêng nyandhak jilid: 10.

--- 9 : [0] ---

Isinipun

55. Madura dipun lurugi wadyabala Mataram. (Dhandhanggula, Durma). ... kaca 5

56. Surabaya têluk dhatêng Mataram. (Dhandhanggula). ... kaca 16

57. Adipati Bragola ing Pathi ambalela dhatêng Mataram. (Durma, Kinanthi, Sinom, Pangkur, Durma). ... kaca 22

58. Pangeran Pêkik dhaup kalihan Ratu Pandhansari, lajêng kadhawuhan nêlukakên Panêmbahan ing Giri. (Dhandhanggula, Asmaradana, Pangkur, Durma, Asmaradana). ... kaca 57

59. Adipati Mandura kadhawuhan ngrêbat Jakarta. (Dhandhanggula, Pangkur, Durma). ... kaca 77