Sastra Jawa

Program Digitalisasi Sastra Daerah

  • Increase font size
  • Default font size
  • Decrease font size

Babad Tanah Jawi, Balai Pustaka, 1939-41, #1024 (Jilid 10)

Katalog:Babad Tanah Jawi, Balai Pustaka, 1939-41, #1024
Sambung:
1.Babad Tanah Jawi, Balai Pustaka, 1939-41, #1024 (Jilid 01). Kisah, Cerita dan Kronikal | Babad Tanah Jawi #1010.
2.Babad Tanah Jawi, Balai Pustaka, 1939-41, #1024 (Jilid 02). Kisah, Cerita dan Kronikal | Babad Tanah Jawi #1011.
3.Babad Tanah Jawi, Balai Pustaka, 1939-41, #1024 (Jilid 03). Kisah, Cerita dan Kronikal | Babad Tanah Jawi #1012.
4.Babad Tanah Jawi, Balai Pustaka, 1939-41, #1024 (Jilid 04). Kisah, Cerita dan Kronikal | Babad Tanah Jawi #1013.
5.Babad Tanah Jawi, Balai Pustaka, 1939-41, #1024 (Jilid 05). Kisah, Cerita dan Kronikal | Babad Tanah Jawi #1014.
6.Babad Tanah Jawi, Balai Pustaka, 1939-41, #1024 (Jilid 06). Kisah, Cerita dan Kronikal | Babad Tanah Jawi #1015.
7.Babad Tanah Jawi, Balai Pustaka, 1939-41, #1024 (Jilid 07). Kisah, Cerita dan Kronikal | Babad Tanah Jawi #1016.
8.Babad Tanah Jawi, Balai Pustaka, 1939-41, #1024 (Jilid 08). Kisah, Cerita dan Kronikal | Babad Tanah Jawi #1017.
9.Babad Tanah Jawi, Balai Pustaka, 1939-41, #1024 (Jilid 09). Kisah, Cerita dan Kronikal | Babad Tanah Jawi #1018.
10.Babad Tanah Jawi, Balai Pustaka, 1939-41, #1024 (Jilid 10). Kisah, Cerita dan Kronikal | Babad Tanah Jawi #1019.
11.Babad Tanah Jawi, Balai Pustaka, 1939-41, #1024 (Jilid 11). Kisah, Cerita dan Kronikal | Babad Tanah Jawi #1020.
12.Babad Tanah Jawi, Balai Pustaka, 1939-41, #1024 (Jilid 12). Kisah, Cerita dan Kronikal | Babad Tanah Jawi #1021.
13.Babad Tanah Jawi, Balai Pustaka, 1939-41, #1024 (Jilid 13). Kisah, Cerita dan Kronikal | Babad Tanah Jawi #1022.
14.Babad Tanah Jawi, Balai Pustaka, 1939-41, #1024 (Jilid 14). Kisah, Cerita dan Kronikal | Babad Tanah Jawi #1023.
15.Babad Tanah Jawi, Balai Pustaka, 1939-41, #1024 (Jilid 15). Kisah, Cerita dan Kronikal | Babad Tanah Jawi #1024.
16.Babad Tanah Jawi, Balai Pustaka, 1939-41, #1024 (Jilid 16). Kisah, Cerita dan Kronikal | Babad Tanah Jawi #1025.
17.Babad Tanah Jawi, Balai Pustaka, 1939-41, #1024 (Jilid 17). Kisah, Cerita dan Kronikal | Babad Tanah Jawi #1026.
18.Babad Tanah Jawi, Balai Pustaka, 1939-41, #1024 (Jilid 18). Kisah, Cerita dan Kronikal | Babad Tanah Jawi #1027.
19.Babad Tanah Jawi, Balai Pustaka, 1939-41, #1024 (Jilid 19). Kisah, Cerita dan Kronikal | Babad Tanah Jawi #1028.
20.Babad Tanah Jawi, Balai Pustaka, 1939-41, #1024 (Jilid 20). Kisah, Cerita dan Kronikal | Babad Tanah Jawi #1029.
21.Babad Tanah Jawi, Balai Pustaka, 1939-41, #1024 (Jilid 21). Kisah, Cerita dan Kronikal | Babad Tanah Jawi #1030.
22.Babad Tanah Jawi, Balai Pustaka, 1939-41, #1024 (Jilid 22). Kisah, Cerita dan Kronikal | Babad Tanah Jawi #1031.
23.Babad Tanah Jawi, Balai Pustaka, 1939-41, #1024 (Jilid 23). Kisah, Cerita dan Kronikal | Babad Tanah Jawi #1032.
24.Babad Tanah Jawi, Balai Pustaka, 1939-41, #1024 (Jilid 24). Kisah, Cerita dan Kronikal | Babad Tanah Jawi #1033.
25.Babad Tanah Jawi, Balai Pustaka, 1939-41, #1024 (Jilid 25). Kisah, Cerita dan Kronikal | Babad Tanah Jawi #1034.
26.Babad Tanah Jawi, Balai Pustaka, 1939-41, #1024 (Jilid 26). Kisah, Cerita dan Kronikal | Babad Tanah Jawi #1035.
27.Babad Tanah Jawi, Balai Pustaka, 1939-41, #1024 (Jilid 27). Kisah, Cerita dan Kronikal | Babad Tanah Jawi #1036.
28.Babad Tanah Jawi, Balai Pustaka, 1939-41, #1024 (Jilid 28). Kisah, Cerita dan Kronikal | Babad Tanah Jawi #1037.
29.Babad Tanah Jawi, Balai Pustaka, 1939-41, #1024 (Jilid 29). Kisah, Cerita dan Kronikal | Babad Tanah Jawi #1038.
30.Babad Tanah Jawi, Balai Pustaka, 1939-41, #1024 (Jilid 30). Kisah, Cerita dan Kronikal | Babad Tanah Jawi #1039.
31.Babad Tanah Jawi, Balai Pustaka, 1939-41, #1024 (Jilid 31). Kisah, Cerita dan Kronikal | Babad Tanah Jawi #1040.

Regi f 0.50

Babad Tanah Jawi

Jilid: 10

Bale Pustaka - Batawi Sèntrêm

--- 10 : [1] ---

Serie No. 1289i

Babad Tanah Jawi

Jilid: 10

Jakarta dipun jègi tiyang Walandi, botên kenging dipun undurakên, malah lajêng mêmitran kalihan Mataram. Sultan Agung seda, dipun gêntosi putra.

Bale Pustaka - Batawi Sèntrêm - 1940

--- 10 : [2] ---

Wêwênangipun ingkang ngarang kaayoman miturut anggêr ingkang kapacak ing Sêtatsêblad 1912 No. 600

--- 10 : [3] ---

Adipati Mandura kadhawuhan angrêbat Jakarta

12. ing Surabaya lawan Garêsik | Lamongan Lasêm Sidayu Tuban | Japara Dêmak sarênge | ing Juwana lan Kudus | ing Sêmawis wus sami mulih | maring nagaranira | sowang-sowang sampun | mariyêm kêkalih ika | wus binêkta dhatêng ing Sampang nagari | jaga mêdal nglautan ||

13. samana sampun sami ajangji | ing Sampang lawan ing Surabaya | kang mêtu ing dharatane | Ngastina gèn têtêmu | pacampuhan sakèhing baris | Ki Mandura lampahnya | tan kawarnèng ênu | wus praptèng nagri Ngastina | sakathahe sêmana wong ing pasisir | wus sami ingutusan ||

14. kang kilèn sampun sami acawis | miwah kang wetan wus sami prapta | apan sampun kumpul kabèh | sampun dandan pêrau | tan antara bubar tumuli | sigra anuli mancal | bubar layar sampun | wus sami silêm dharatan | kang sawênèh ana angangkat kumudhi | Kaliwungu ing Kêndhal ||

15. Batang Wiradesa ing Samawis | ing Barêbês kalawan Tatêgal | Pamalang kumpulan gêdhe | ya ta alayar sampun | ting galêbyar dinulu asri | tan kawarna sêmana | Carêbon wus rawuh | ênggènnya atatan-tatan | gya umangkat saking Carêbon nagari | tan kawarnèng lautan ||

16. ing Jakarta apan sampun prapti |

--- 10 : 4 ---

nulya anata ing barisira | Pangran Mandura pondhoke | kidul wetan kuthèku | kinêpung ing pondhok pasisir | wus misuwur sêmana | yèn arsa anggêpuk | iya maring wong Walônda | wong Jakarta obah wong Jawa wus balik | seba mring Ki Mandura ||

17. apan kang kari amung Kumpêni | prasamya ngati-ati sadaya | amunggul baluwartine | amapan mriyêmipun | myang gurnada lan gutuk api | Walônda pan andina | apuyêngan iku | gêgêdhene wong Walônda | kang pêparintah sakathahing Kumpêni | kapitan namanira ||

18. Jakuèspèh kapitan namèki | agêng ainggil tur aprawira | ing sabrang pilih tandhinge | apan pilih kang mungsuh | Kapitan Jakuèspèh jurit | malih wasta Kapitan | Bèlêm wastanipun | Indras wastane kapitan | kang satunggal Situye namane nênggih | satunggil Jrodo ika ||

19. lan malih wasta kapitan nami | Kapitan Karèng ingkang satunggal | Kapitan Gêtyu wolune | sêkawan petoripun | kang nêmbêlas Lutnan Walandi | Alpèrès tan winarna | wong Walônda iku | sadina-dina malatar | tamburipun tansah brang-brangan amuni | wus samya nêdya pêjah ||

20. wong Walônda ingkang alit-alit | langkung sami tintrim manahira | tansah nèng jro kutha bae | tan ana wani mêtu | ênêngêna kang wong Walandi | ucapên wong Mataram | Ki Mandura wau | barise sampun tinata | pra dipatya sadaya wus dèn utusi |

--- 10 : 5 ---

sampun pêpak sadaya ||

21. anrangbaya apan sampun prapti | Barêbês Têgal Roban Samêdhang | Pamalang sarêng praptane | miwah Wiradesèku | Batang Kêndhal lan Lèpèntangi | Sêmarang lan Jêpara | ing Tuban Sidayu | ing Kudus lawan Juwana | ing Garêsik Surabaya myang ing Bangil | Gêmbong Lasêm Lamongan ||

22. ing Sampang kinèn miyos ing warih | jaga mungsuh kang mêtu nglautan | Ki Dipati Mandurane | sigra dènira muwus | mring sakèhe para dipati | sakèhing sanak ingwang | pasisir ngong tantun | yèn rêmbag sanak manira | ing Jakarta dawêg ginêpuk ing mangkin | pan wong Jawa wus têlas ||

23. apan sami aseba mariki | jro kitha mung kari Si Walônda | Ki Baurêksa ature | atur kula ing rêmbug | dening wadya kang mêdal warih | punika dèrèng prapta | ingantos karuhun | pan dhingin wus prajangjean | ing ayuda sarêng lêbur tan gumingsir | gêpuk kutha Walônda ||

24. lah punika kalamun suwawi | yèn tan prapta lêhêng ingantosan | sadina kalih dinane | Ki Mandura pan rêmbug | anuruti ature sami | Tumênggung Baurêksa | ing saaturipun | miwah pasisir sadaya | angrêmbagi kèndêla ing kalih wêngi | sigêgên tan winarna ||

25. kang kocapa sang natèng Matawis | anèng pura kalane pinarak | kalihan kang uwa bae | kangjêng sultan amuwus | alah uwa Purubayèki | andika sumusula | miyangana iku | kang jurit maring Jakarta |

--- 10 : 6 ---

inggih uwa punika dika tuwani | kang mêtu ing lautan ||

26. nanging ta uwa wêwêkas mami | sampun ing dika tuwani ika | agawea tôndha bae | tandhaning aprang pupuh | Panêmbahan Purubayaglis | sigra nulya pamitan | mêdal sing kadhatun | panêmbahan lampahira | tan ambêkta gêgaman kang mawi baris | mung kapêdhak lêlurah ||

27. tan kawarna ing marga wus prapti | ing Japara wau panêmbahan | pan adarbe palwa dhewe | wastane kang pêrau | Kaladuta warnane asri | pan sampun tinitihan | babar layar sampun | prapta têngah lautan |Kurang satu suku kata: prapta têngahing lautan. ênêngêna panêmbahan kang lumaris | warnanên Ki Mandura ||

28. apan sampun amiyarsa warti | yèn panêmbahan nusuli ika | Ki Mandura ing manahe | angraos isin wau | dening lampah dipun tumpangi | sigra nulya têngara | wau Ki Tumênggung | Baurêksa wus anata | barisira miwah baris wong pasisir | apan sampun kumêrab ||

29. miwah kang mêdal ing laut nênggih | wong Sampang wus amayangi yuda | gumêr sauran surake | wong Walônda wus wêruh | lamun arsa dipun unggahi | sigra nuli têngara | gumêr swarèng tambur | Kumpêni wus amêlatar | mariyême gurnada gurnat miranti | gutuk api wus mara ||

30. wus atata kêstabêl ngadhêpi | saradhadhune ababrêgadan | Walônda bêdhil sikêpe | ing sakumpêninipun | wong Walônda kang anitihi | kopralipun têtiga | Pan Alpèrèsipun |

--- 10 : 7 ---

satunggal sampun tinata | sabragadanipun kapitan satunggil | lutnan kalih kang nata ||

31. Alpèrèse sampun angidêri | kang anèng lèr kulon kidul wetan | sampun atata barise | dening ta kathahipun | wong Walônda ika kawilis | amung kawan bragada | wau kang winuwus | kapitanipun kang nama | Jakuèspèh jaga ngidêri Kumpêni | pan sami prajangjean ||

32. aprajangji apan barêng mati | aja ana gumingsir ing yuda | wong Walônda rêmbag kabèh | ajangji barêng lêbur | Kapitan Jakuèspèh angling | sapa sudi ing sira | yèn sira tan purun | wus alaa jêjêrihajêjiriha. | wong Walônda wus bubuh-bubuhan jangji | sami ungkur-ungkuran ||

77. Pangkur

1. Walônda sampun atata | kidul wetan wau kang dèn kandêli | warnanira kadi mêndhung | bêdhilira tinata | mariyême gurnada gurnat lan êbum | gutuk api lawan lela | Kalantaka angidêri ||

2. sênapan pating galêbyar | saha tambur brang-brangan mlingi kuping | Kapitan Jakwèspèh kidul | lawan kapitan papat | kang anama Kapitan Bèlêm lan Wisdrus | Gubyus wastane satunggal | kalawan Kapitan Wali ||

3. Ki Mandura atêngara | wong pasisir kang kinèn mangsêh jurit | sigra atêngara sampun | surake asauran | karsanira angrangsang kutha anggêpuk | pan sampun ababêdhilan | sêdyane angantêp wani ||

4. wong pasisir samya rampak |

--- 10 : 8 ---

wong Walônda pan sampun ngati-ati | mariyêm sinulêd sampun | swarane kadi gêlap | mungsuh rowang bêdhile lwir gunung rubuh | wong pasisir kathah pêjah | pan maksih sudirèng jurit ||

5. nanging maksih binêdhilan | mariyême Klantaka maksih muni | anggêgilani karungu | kadi prawata bêntar | mimisipun dinulu kadi andaru | wong pasisir samya mêndhak | kang katrajang datan urip ||

6. tan môngga-môngga puliha | wong pasisir pan sampun kathah mati | Ki Mandura nandhang tatu | gêgaman wus arusak | duk samana sampun kasaput ing dalu | wong Jawa mundur sadaya | manahe kalangkung giris ||

7. enjang wau Ki Mandura | karsanira umangsah jurit malih | wadya kang ana ing laut | apan sampun utusan | kinon sarêng marang ing panggêpukipun | wadya pasisir sadaya | mariyême wus miranti ||

8. Walônda sampun atata | bêbêdhilan ingkang anèng pasisir | mariyêm anèng parau | muni ngungkuli kutha | sinulêdan swarane lir gunung rubuh | kadi gêlap asauran | pêtêng dhêdhêt anglir wêngi ||

9. wong Jawa akathah pêjah | wong Walônda akèh tatu kwèh mati | saradhadhu akèh lampus | kopral lawan sarehan | wong Walônda sêmana pêrange bingung | dening kukusing sundawa | pati-pati dèn gagapi ||

10. wadya kang mêdal lautan | pan akathah angsalipun pêpati | mariyême pan pakantuk | Walandi [Wala...]

--- 10 : 9 ---

[...ndi] kathah pêjah | têtindhihe Kapitan Drus sampun lampus | lutnan kêkalih wus pêjah | sarehan têtiga mati ||

11. anging sampun ginêntenan | kapitane lutnan wus dèn suluri | apan maksih aprang pupuh | gumuruh bêbêdhilan | duk samana sampun kasaput ing dalu | prasamya arêrêmbugan | Walandi sampun atintrim ||

12. ênêngakêna sêmana | kawarnaa panêmbahan wus prapti | angambang ana ing laut | nitih pun Kaladuta | kapalira agêng apanjang abagus | nênggih kocaping carita | wontên palwa agêng prapti ||

13. nênggih kapaling Walônda | karsanira wau ayun mayangi | gêgaman kang anèng laut | punika dados sêmang | kapalira pan têtiga kathahipun | Panêmbahan Purubaya | anulya amarêpêki ||

14. Walônda kang anèng palwa | sadayane pan sampun ngati-ati | mariyêm sinulêd sampun | umajêng panêmbahan | datan kandhêg palwane anandêr asru | ngadêg lwir têksaka lanang | warnane anggêgilani ||

15. baita nulya angrunjang | angin sangêt swaranya alwir bêdhil | saking barat sangêt nêmpuh | palwa tarung lwir gêlap | palwanira baita Walônda lêbur | kèrêm anèng ing samodra | ingkang kari sampun lari ||

16. sampun misuwur kang warta | yèn Panêmbahan Prubaya wus prapti | aprang nèng sajroning laut | kapal Walônda pêcah | kapal kèrêm kêkalih sampun lumayu | Walônda sami miyarsa |

--- 10 : 10 ---

manahe sampun agiris ||

17. wus kaloka ing Walônda | yèn Pangeran Purubaya sinêkti | kaloka yyan bisa mabur | iya kala sêmana | wong Walônda atintrim sadalu-dalu | ngawang-awang binêdhilan | saksana obate tipis ||

18. enjing malih kawarnaa | panêmbahan apan sampun aminggir | wong pasisir samya dulu | kang ana ing lautan | sarêng mangkat sêdyanya apêrang pupuh | sampun aminggir sadaya | Kumpêni pan sampun rakit ||

19. rêmbugira pra kapitan | bêdhil gêng kang anèng pinggir pasisir | tinutup ing karsanipun | sampun ingarah-arah | ingkang yogya mimis kênaa malêbu | anulya ambêdhil sira | Walônda pangrahnya sisip ||

20. ngênèni lambe kewala | malah gêmpal lambe mriyêm Matawis | ambêdhil-binêdhil dangu | parau kathah pêcah | wadya alit kèrêm akathah kang lampus | Walônda akathah pêjah | kapitannya roro mati ||

21. Panêmbahan Purubaya | gya tumêdhak saking palwaniraglis | panakawane têtêlu | punika kang binêkta | kang ambêkta lantaran lawan kêkuthuk | lan kang ngampil panginangan | Walônda sampun udani ||

22. saksanagya binêdhilan | mariyême sadaya dèn sulêdi | swarane lwir gunung rubuh | gurnat lawan gurnada | gutuk api swarane kadi galudhug | tambure gumêr lwir bêdhah | salomprèt pating jalêrit ||

23. panêmbahan angandika | Si Walônda

--- 10 : 11 ---

dening kapati-pati | ambêdhili maring ingsun | lah iya êntèkêna | obatira Walônda sangsaya gugup | lwir ambêdhil wêwayangan | bêdhil buntêt tanpa mimis ||

24. sawênèh bêdhile sêmpal | panêmbahan sangsaya marêpêki | Walônda sangsaya gugup | gègère apuyêngan | kang sawênèh bêdhile marêp mandhuwur | manahira butarêpan | manawa ana ing langit ||

25. panêmbahan angandika | hèh wong Walônda dening kapati-pati |Lebih satu suku kata: hèh wong Wlônda dening kapati-pati. apa ngandêlkên kuthamu | dumèh kandêl awiyar | yèn kinona nêmêni pasthi kolêbur | nulya sigra tinudingan | kutha bêngkah sêdhêng janmi ||

26. Panêmbahan Purubaya | nulya kondur pan maksih dèn bêdhili | eca êsês lampahipun | lwir bêdhil wêwayangan | panakawan têtiga sami rahayu | pan sampun minggah ing palwa | ya ta kasaput ing wêngi ||

27. panêmbahan angandika | mring sakathahing têtiyang pasisir | lah wus karia sadarum | ingsun layar manêngah | sun jagani mungsuh kang mêtu ing laut | anulya sigra alayar | sakêdhap datan kaèksi ||

28. Panêmbahan Purubaya | pan abanjur sêdya maring Matawis | risampun akarya tatu | akarya gora-goragara-gara. | wong Walônda manahe sangsaya kukud | sok ana mêndhung katingal | gumuruh dipun bêdhili ||

29. dandananira mèh têlas | obat mimis samana sampun tipis | warnanên kang anèng kidul | Tumênggung Baurêksa | anrangbaya padha saking [sa...]

--- 10 : 12 ---

[...king] bitingipun | sakathahe wong Ngastina | prasamya anglalar biting ||

30. Walônda mimise têlas | pan anêlas salwir praboting jurit | mimisnya kinum ing uyuh | kinuthah lawan berak | ing sawênèh gajih cèlèng wêdhakipun | Walônda sampun uninga | wong Jawa angingsêr biting ||

31. anulya dandan sadaya | wus malatar mriyême dèn sulêdi | gurnada gurnat myang êbum | swaranira lwir gêlap | pan wong Jawa kang katiban kabur-kabur | Ki Tumênggung Baurêksa | sêmana sampun akanin ||

32. katiban mimis asawat | pupunira tugêl angawir-awir | wong pasisir kathah lampus | mimis tiba lir udan | wong Walônda mimise kêdhik kang kantun | watara kari sadina | tan aduwe malih-malih ||

33. bitingira sampun bubar | wong pasisir manahe kêtir-kêtir | ya ta kasaput ing dalu | wong cilik kathah minggat | samya mulih akèh amorod ing dalu | ya ta Dipati Mandura | arsa ngawaki pribadi ||

34. kadang kadeyan sadaya | wus pinêpak sadaya wus tinari | pan ingsun arsa angamuk | kuthane Si Walônda | sun unggahi akarsa sun amuk purun | lah padha asêsucia | payo padha mati sabil ||

35. prasamya matur sandika | sinantana kalawan para mantri | asanggup barêng alêbur | enjange kawarnaa | Ki Mandura sêmana pan sampun mêtu | sigra têngara ing bala | bêndhe angungkung tinitir ||

--- 10 : 13 ---

36. Walônda sampun malatar | bêdhilira pan sampun dèn isèni | berak dèn wor mimisipun | Ki Mandura wus mangsah | pra santana balanira sarêng nêmpuh | wong Walônda kagegeran | bêdhile wus dèn sulêdi ||

37. swaraning bêdhil lir gêlap | kang pratala lindhu bah gonjang-ganjing | wong Mataram akèh lampus | kang sawênèh aniba | nulya tangi kang tiba banjur malayu | wênèh ana ingkang sêmpal | baune manguwir-uwir ||

38. kang sawênèh kaprawasa | janggut sêmpal gulunya rontang-ranting | sawênèh pupune putung | ingkang dadi sêsawat | kang sawênèh ana tugêl wêtêngipun | ususe akuleweran | tan ana tawa ing mimis ||

39. sawênèh binêdhil kontal | nulya tangi umangsah ngamuk malih | Ki Mandura pêrangipun | mimis kadya parada | yèn arèrèn anulya ingusap runtuh | anulya mangsah ing rana | wus parêk kalawan biting ||

40. wong Walônda kagegeran | mimis êntèk berak kinarya mimis | dènnya ngisèni kasusu | tan anganti wêwadhah | topiyone kinarya cêcidhuk tablun | wênèh sinorog ing tangan | wênèh sinorog kulambi ||

41. sampun sami binêdhilan | Ki Mandura sampun rakêt lan biting | swaraning bêdhil gumrudug | tambure gadhumbrangan | kang sinapan kadi garojogan sèwu | pêtêng kukuse sêndawa | salomprèt pating jalêrit ||

42. wong Manduran kathah pêjah |

--- 10 : 14 ---

ingkang têguh prasamya wuru tai | sawênèh awak gulabud | wênèh agulagêpan | prajurite sadaya akathah wuru | wênèh mutah bulaeran | tan kobêr umangsah jurit ||

43. Pangeran Mandura sayah | undurira prasamya wuru tai | Ki Mandura mungur-mungur | sadaya mutah-mutah | pra santana kathahe kari rongpuluh | wadya cili sampun têlas | kang urip tan bisa tangi ||

44. samya banjur mring bangawan | samya adus busana dèn buwangi | prasamya asalin sampun | mulih mring pasanggrahan | Ki Mandura balanipun kathah rêmpu | pan maksih sami sudira | asêdya angrangsang malih ||

45. Walônda wus kagegeran | gêgêdhene kathah kang padha mati | kapitan papat wus lampus | lutnanipun sakawan | Alpèrèse ingkang mati kalih puluh | Kumpênine sabrêgada | kang kari sami atintrim ||

46. dandanane samya rusak | pêpangane apan uwus mèh ênting | manahira eyang-eyung | sêdya pêjah kewala | mung taine kang kinarya mimisipun | wus sêdya lêbur sadaya | nora sêdya dèn unduri ||

78. Durma

1. ênêngêna kang tugur anèng Jakarta | kocap Sultan Matawis | lagya siniwaka | ingadhêp pra punggawa | mangkya kocapa kariyin | Pangran Prubaya | sêmana lagi prapti ||

2. sampun seba dhumatêng sri naranata | tumulya matur aris | kawula sang nata | andika kèn lumampah | anjangkung ingkang ajurit |

--- 10 : 15 ---

dhatêng Jakarta | sampun ulun lampahi ||

3. sampun karya tilar tilas gora-goragara-gara. | pun Walandi atintrim | wadya jêngandika | wong pasisir sadaya | kathah rusak kathah mati | pun Baurêksa | wartinipun akanin ||

4. pun Mandura sampun ngawaki priyôngga | tumpês balanirèki | anak putunira | sampun akathah pêjah | pun Mandura ngrangsang biting | Kyai Mandura | kondure dening tai ||

5. pun Walônda obat mimise wus têlas | tai kinarya mimis | wong Mataram padha | tan tahan gandanira | manahe sampun atintrim | yèn bantonana | baris saking Matawis ||

6. pasthi bêdhahipun nagari Jakarta | ing mangke kados pundi | ing karsa sang nata | botên siyèn awona | apênêd lan wong Walandi | sri naranata | nulya ngandika aris ||

7. inggih uwa Purubaya karsaningwang | sun kon mundur kang jurit | lah ta wong Mataram | ing benjing wruhanira | ing sapungkur-pungkur mami | nak putuningwang | yèn lunga sing Matawis ||

8. wong Walônda kang atêtulung ing benjang | lèh wong gandhèk dèn aglis | lan singanagara | lah sira timbalana | kang nèng Jakarta ajurit | Si Baurêksa | uwisna padha mangkin ||

9. Si Mandura aja mulih mring Mataram | prênahna anèng Kali- | wungu dèn gonana | uwis sira mangkata | putusan wus nêmbah amit | nulya lumampah | tan kawarna ing margi ||

10. wus alayar sampun têka ing Jakarta | nulya sira apanggih | lawan Ki Mandura |

--- 10 : 16 ---

anulya tinimbalan | kinèn mundura ing jurit | hi jêngandika | wontêna Lèpèntangi ||

11. Ki Mandura garjita ing manahira | angrasa lamun sisip | sigra nulya bubar | sampun anitih palwa | Baurêksa dèn suduki | kala sêmana | wong pasisir atintrim ||

12. sampun bubar wadya pasisir sadaya | Walônda aningali | langkung sukanira | sampun angrasa gêsang | wus angrasa wong Kumpêni | yèn kangjêng sultan | kang asru angalimi ||

13. pira-pira sukanira wong Walônda | wus olèh rêmbug bêcik | tan anyana mênang | dandanane wus têlas | marmane sira nusuli | maring Mataram | ngaturi bulubêkti ||

14. kawarnaa Ki Mandura sampun prapta | wontên ing Lèpèntangi | sanak putunira | langkung kawêlasarsa | saundurira ajurit | saking Jakarta | sêmana dèn babadi ||

15. wong apêrang anatas ing Butatala |Sengkalan: wong apêrang anatas ing Butatala (1551 ?). ingkang sangkalanèki | Pangeran Mandura | pan sampun pinêjahan | nênggih wontên Lèpèntangi | wus ing astana | nèng Kaliwungu nênggih ||

60. Pangeran Silarong kadhawuhan nêlukakên Balambangan

16. tan winarna duk sêmana laminira | sang nata ing Matawis | enjang sinewaka | pêpak kang wadyabala | mantri gung-agung sumiwi | para santana | kabèh sami anangkil ||

17. angandika sang nata mring arinira | Pangeran Adipati | Silarong namanya |

--- 10 : 17 ---

lah ta sira mintara | anindhihana ing jurit | wadya Mataram | adunên ing ajurit ||

18. ing Balambangan iku sira bêdhaha | lawan Pringgalayèki | iku angiringa | marang ing kakangira | wadyabala ing Matawis | sira adua | yèn ana wong nyaliwing ||

19. patènana sira gawea tontonan | lan ingsun anggawani | jêjênêng ing yuda | gandhèk pan sanakira | Padurêksa wastanèki | anake paman | Pringgalaya sumêndhi ||

20. iku iya ingong karya angganingwang | kalawan yayi adhi | basanana kakang | marang Ki Padurêksa | pan iku sêsilih mami | sun karya tingal | sisipe wong Matawis ||

21. alah uwis padha sira adandana | sêsikêp ing ajurit | lawan wêkas ingwang | yèn mênang yudanira | ing Balambangan kalindhih | lah boyongana | ajana kari siji ||

22. dina Soma adhi lah sira bubara | kang rayi awotsari | sang natagya jêngkar | sangking ing panangkilan | malêbêt ing kênyapuri | ngiring badhaya | sêlir lan para cèthi ||

23. kang asowan wus sami bubar sadaya | sampun arakit baris | wong môncanagara | pan sampun ingutusan | kinon asaosa sami | gêgamanira | sakapraboning jurit ||

24. tan kawarna lamine têka samaya | sigra miyos tinangkil | pêpak kang punggawa | mantri lan sinatriya | miwah Pangeran Dipati | Silarong prapta | kalihan lan kang rayi ||

25. kang awasta Ki Dipati [Di...]

--- 10 : 18 ---

[...pati] Pringgalaya | sanakipun kêkalih | kang milu anglanggar | sampun pêpak sadaya | miwah ingkang para mantri | gêgamanira | ngalun-alun abaris ||

26. angandika wau Sang Nata Mataram | bubarêna kang baris | lan ta adhi poma | sira dèn aprayitna | kang rayi matur wotsari | anuli bubar | miwah kang para mantri ||

27. wus lumampah gêgaman agêng kumêrab | prapta jabaning Taji | ambèr amalatar | tan kawarna ing marga | pan sampun praptèng Kadhiri | môncanagara | wau ingkang dèn anti ||

28. Jagaraga Kaduwang lan Kamagêtan | Madiun sampun prapti | miwah Panaraga | Caruban Kartasana | Kalangbrèt lawan ing Rawi | Srêngat Balitar | sadaya sampun prapti ||

29. Garobogan Balora lawan ing Jipang | Sêsela lagi prapti | wong pasisir kiwa | kang milu angluruga | ing Lasêm lawan ing Pathi | Sidayu Tuban | Lamongan lan Garêsik ||

30. Surabaya kalawan wong ing Madura | ika kang samya kêrig | Japan Wirasaba | Pasuruan ing Malang | punika sampun prajangji | ing Pasêdhahan | pakumpulaning baris ||

31. sampun bubar saking nagari ing Daha | datan kawarnèng margi | praptèng Pasuruan | sampun atatan-tatan | wong pasisir sampun prapti | môncanagara | sampun apêpêk baris ||

32. sampun bubar gêgaman praptèng lumajang | nanging maksih lumaris | mapan sampun prapta | watêsing Balambangan | arêrêb anata baris |

--- 10 : 19 ---

sampun kawarta | misuwuring wong Bali ||

33. Balambangan agègèr dina puyêngan | wus putusan lumaris | maring Bali ika | pan sampun binantonan | wong Bali kang bêcik-bêcik | kang tau tatag | angalahkên nagari ||

34. gêgêdhene kêkalih nênggih winarna | wastane kang sawiji | Dewajalêngkara | wastane kang satunggal | pun dewagung wastanèki | sami prakosa | dêdêgnyagêng ainggil ||

35. prajurite Panji Balèlèng wastanya | Ki Panji Macankuning | pamuknya akathah | ika datan kawarna | ing Balambangan wus prapti | atatan-tatan | sami atata baris ||

36. Ki Dipati Balambangan kawarnaa | putranipun kêkalih | wasta Ki Mas Kêmbar | kinèn atunggu pura | wus bubar saking nagari | pan sampun prapta | tapêl watês paminggir ||

37. sampun pêthuk sami awangwang winawang | kalawan wong Matawis | pan sami prayitna | sami nata gêgaman | prajurite amiranti | bêdhil pinasang | obat kalawan mimis ||

38. ingkang dadi gêgunungan miwah dhadha | Pangeran Adipati | Silarong punika | kang kinarya pangarsa | sèwu numbakanyar nênggih | sami prakosa | wong Bagêlèn prajurit ||

39. wong bumija kang ana pangawat kiwa | ingkang dados têtindhih | Pangran Pringgalaya | muwah wadya Mataram | barise sampun pinalih | samya atata | miwah wadya pasisir ||

40. anèng kiwa kang têngên môncanagara | wong Bali sampun prapti |

--- 10 : 20 ---

lan wong Balambangan | sampun ayun-ayunan | wong Mataram lan wong Bali | têngara gumrah | rame bêdhil-binêdhil ||

41. wong Mataram atarap sami asila | arsa angantêp jurit | dangu bêbêdhilan | wong Bali kathah pêjah | prajurite angawaki | sigra narajang | sakathahe wong Bali ||

42. ting barêkik wong Bali sarya marangkang | anut kukusing bêdhil | wong ing Balambangan | tulup angagêm upas | prasamya anakêr wani | têmpuhing yuda | lwir ombak nêmpuh ardi ||

43. lindhu awor kang yuda wus along pêjah | pangamuke wong Bali | lwir banthèng kabranan | kadi sima ambabal | kalangkung angigit-igit | wadya Mataram | prayitna anadhahi ||

44. lêmbing tulup pasêr tiba kadi udan | wong Mataram kèh mati | sigra anarajang | angawaki priyôngga | pangamuke ngobat-abit | para santana | sadaya aningali ||

45. Adipati Pringgalaya wus uninga | yèn kang raka ajurit | Radèn Padurêksa | anulya tinulungan | sigra mangsah tanasaris | para santana | sadaya angawaki ||

46. wong Mataran tandange angamuk rampak | bêndhenira anitir | gong maguru gôngsa | têtêg karya butala | gumrudug swaraning bêdhil | swaraning surak | kadi rubuh kang langit ||

47. wus atêmpuh wong Balambangan kèh pêjah | wong Bali akèh mati | miwah wong Mataram | akèh mati ingupas | pasêr giyu lir garimis | wadya [wa...]

--- 10 : 21 ---

[...dya] Mataram | kèh bingung nora eling ||

48. pangamuke wong Bagêlèn kadi setan | wong Bali kadi bêlis | wong Bali kèh pêjah | kari panjang tumbaknya | gêgaman ganjur pakolih | yèn putung ika | pinancal landhêp malih ||

49. pan wong Balambangan akèh ingkang pêjah | pêrangira kalindhih | pan sami lumajar | angungsi pamondhokan | sampun sinapih ing wêngi | wadya Mataram | kaburu samya bali ||

50. Jêng Pangeran Silarong angling tumingal | balane akèh mati | kêna dening upas | nulya sira tumêdhak | kang mati dipun sepaki | waras waluya | kang kêna tumbak mimis ||

51. ênêngêna wontên ta ingkang kocapa | sêntana ing Matawis | anênggih kang putra | Pangeran Pringgalaya | kalangkung dados wawêri | anèng Mataram | lampahe amêmaling ||

52. wastanipun Rahadèn Wôngsakartika | dados maling asêkti | karyane ajinah | lan matèni têtiyang | kalangkung dadi wawêri | wadya Mataram | tan ana ingkang wani ||

53. milanipun binucal mring Pasuruan | Dyan Wôngsakartikèki | ana ing Mataram | angrêrusuhi jaman | pan sampun miyarsa warti | yèn rayinira | kalih tumut ajurit ||

54. nulya mangkat anusul mring pabarisan | anjujug ingkang rayi | panggih lan rinira | Rahadèn Padurêksa | uninga nulya ngabêkti | datan anyana | kakang kapanggih ngriki ||

55. kakangira aris dènira angucap |

--- 10 : 22 ---

ingsun atakon yayi | paran juritira | kang rayi saurira | kawalahên ing ajurit | wadya Mataram | akathah ingkang mati ||

56. yèn mêngkono yayi ing karsa manira | ingsun milu ajurit | sokur sun matia | ajawèt anèng donya | awirang ingsun ningali | ing sanak ingwang | santana ing Matawis ||

57. angur ingsun matia anèng paprangan | sun angukke ing wêngi | yayi mungsuhira | Bali lan Balambangan | dening sira sun bubuhi | lamun rahira | sira ngamuka yayi ||

58. sampun rêmbug kang rayi lawan kang raka | ingkang raka apamit | kang rayi turira | kula botên tumuta | kang raka lingira wêngis | lah yayi aja | dudu sabanya yayi ||

59. pan wus mangkat Rahadèn Wôngsakartika | sampun prapta ing biting | nulya linumpatan | wus malêbêt samana | anulya dèn amuk wani | wong Balambangan | gègèripun sawêngi ||

60. apuyêngan wong jro biting salin tumbak | lawan batur pribadi | wong Bali kwèh pêjah | miwah wong Balambangan | kang ngamuk datan kaèksi | bangun raina | anulya dèn unduri ||

61. nanging maksih agègèr taha-tinaha | malah tumêkèng enjing | pan sampun raina | nuli nata gêgaman | akarsa apulih gêtih | liwung ing nala | bature akèh mati ||

62. sigra mangsah wong Mataram wus uninga | apan sampun miranti | nulya têmpuh ing prang | wong Bali lan wong Jawa | bêdhilira sarêng muni | lwir pendah gêlap | bêdhil gêng-agêng muni ||

--- 10 : 23 ---

63. lêbu mlêtuk malêdhug wanara galak | bumi agonjang-ganjing | Radèn Padurêksa | angamuk mring payudan | pangamuke ngobat-abit | numbak anigas | wangke sungsun atindhih ||

64. mayidmayit (dan di tempat lain). Bali lan mayid ing Balambangan | lan mayid ing Matawis | pan tumpang-tinumpang | wong aprang kathah pêjah | wong Balambangan wus miris | tatane rusak | wus bubar bosah-basih ||

65. Radèn Padurêksa tandhange lir yêksa | sinosog ing wong Bali | pan ora rinasa | lwir pendah panjang putra | sinosog ing roning pari | wong Balambangan | pêrange wus kalindhih ||

66. lir andaka tandange Ki Padurêksa | sira akuthah gêtih | panganggene basah | wong Bali sampun bubar | ya ta kasaput ing wêngi | mundur kang yuda | sakèhe wong Matawis ||

67. wong kabalèn Balambangan sampun susah | manahira atintrim | prang raina kalah | kathah longkang apêjah | yèn wêngi dipun amuki | akathah pêjah | gègèr sawêngi-wêngi ||

68. kang anama Rahadèn Wôngsakartika | pangamuke ing wêngi | Radèn Padurêksa | pangamuke raina | mila wong Bali atintrim | wong Balambangan | pan sami anglolosi ||

69. prajurite sêmana akathah pêjah | gêgêdhene wus mati | iya kalih pisan | wong Bali sampun têlas | kang urip pan sami mulih | wong Balambangan | bubarira ing wêngi ||

70. wus raina wong Mataram pan tumingal |

--- 10 : 24 ---

yèn wus bubar kang baris | nulya atêngara | angajak ngrangsang kutha | karsane ambêboyongi | sampun lumampah | wong cili jêjarahi ||

71. Ki Mas Kêmbar samana sampun kapêndhak | anulya dèn cêkêli | pan sampun binasta | wong cili binêdholan | wong dalêm wus dèn boyongi | yèn ana bôngga | wasisan dèn patèni ||

72. Balambangan sadaya ngungsi mring arga | ajar kang dipun ungsi | wastaning kang ajar | Ajar Salokantara | wong Mataram kang nututi | akathah pêjah | dèn amuk tan apulih ||

73. pan wus katur mring Pangeran Silarongan | sigra kinèn ngunggahi | kang para prawira | anulya ingunggahan | samya angambat manginggil | wong Balambangan | pan sampun dèn tumbaki ||

74. kae Ajar Salokantara kapêndhak | nulya cinêkêl wani | pan sampun binêkta | marang ing pasanggrahan | ingaturakên ing gusti | Ajar Saloka | jêjêr tan arsa linggih ||

75. Adipati Pringgalaya panasbaran | ki ajar dèn parani | jiniglong angrêmpah | ajar sampun asila | Ki Pringgalaya linirik | yèn angucapa | wong iki liwat lêwih ||

76. Jêng Pangeran Silarong asru ngandika | lah sira ki wawasi | dahwèn lakunira | angukuhi ing mêngsah | mêngko sira sun patèni | ajar angucap | pan ora sun gingsiri ||

77. taha ingsun atapa salah wêweka | apan ingsun dèn ungsi | amapag ing pêrang | pan karsane priyôngga |

--- 10 : 25 ---

dening sun tumêkèng pati | môngsa bakala | wus karsa Hyang Pramèsthi ||

78. mapan ingsun benjang amalês ing sira | yèn ana ratu lêwih | gèthèk bau kiwa | iku sira antia | adipati asru angling | kacarewedan | anulya dèn patèni ||

79. kae Ajar Salokantara wus pêjah | jisime tan kaèksi | samya kagawokan | sakèhe wong Mataram | Dipati Silarong angling | akèn têngara | bubarêna kang baris ||

80. Balambangan lanang wadon binoyongan | siji tan ana kari | miwah Ki Mas Kêmbar | binêkta mring Mataram | saksana bubar kang baris | wong bêboyongan | linampahakên dhingin ||

81. tan tinutur lêlampahan ing carita | sampun praptèng Matawis | prasamya aseba | dhatêng ing pagêlaran | sri bupati sampun mijil | prapta sadaya | kang rayi awotsari ||

82. sampun katur sapolahira ayuda | dhatêng sri narapati | alah ta apatya | Ki Kêmbar uculana | mêsakakên bocah cili | pan milu lapa | ki patih awotsari ||

83. ulihêna mring nagara Balambangan | ngayumana kang kari | nandhanga upata | yèn balila maringwang | aywa anêmua bêcik | wus ingupatan | ingatêrakên mulih ||

84. sigra bubar sri narendra sinewaka | kandhêg ing srimanganti | gandhèk Saradula | tinimbalan wus prapta | anulya dipun takèni | polahing yuda | sadaya dipun titik ||

85. Saradula matur sarwi atur sêmbah |

--- 10 : 26 ---

kawula nuhun gusti | pan rayi paduka | tangkêpipun awignya | sarêng rusak ing ajurit | Ki Padurêksa | angawaki pribadi ||

86. pangamuke lir mong datan antuk môngsa | braja tan anêdhasi | wong Bali kapêdhak | wontên sadulurira | kang mangsah ngamuk ing wêngi | Wôngsakartika | wastanipun anênggih ||

87. pan karuhun putranipun Pringgalaya | ingkang dados wawêri | pan paduka bucal | dhatêng ing Pasêdhahan | punika ingkang ajurit | wong Balambangan | kawonipun ing wêngi ||

88. Saradula têlas ature sadaya | bubar sri narapati | mantuk angadhatyan | tan winarna ing polah | sampun ing alami-lami | wus dina Soma | sang nata sigra mijil ||

61. Sinuhun Sultan Agung pêpanggihan kalihan Ratu Kidul

79. Mijil

1. wus angrasuk kampuh sri bupati | abusana kaot | wus apaès lwir Parta baguse | sing wong mulat padha lênglêng brangti | duk miyos tinangkil | upacara mêthuk ||

2. wus lumampah ngarsaning nrêpati | sarat tan paidon | prangmadani anjrah pawohane | poh jênggi capuri sawunggaling | banyak dhalang kari | kandhaga sumusul ||

3. horêg kabèh sagung ingkang nangkil | sadaya samyanon | sri narendra ing kabusanane | angluwihi sagunging anangkil | sakwèhing pra mantri | jrih mulat tumungkul ||

4. yyan anaa [ana...]

--- 10 : 27 ---

[...a] wadya nyênyamani | busananing katong | gya kinèn mundura ring kancane | sarya liningan tan wruh prayogi | undurnya aririh | prasamya lumayu ||

5. wus asalin gya wangsul anangkil | warnanên sang katong | wus pinarêk ing singangsanane | asung cipta mring sakèhing mantri | sakèh mantri ajrih | alungguh tumungkul ||

6. datan ana swarane kumricik | miwah kang kêkayon | datan ana obah sakathahe | sakèh pêksi tan ana kumlisik | kêmasan lan gêndhing | myang kang manuk êngkuk ||

7. amung puniku kapirsa muni | pinirsa dening wong | langkung rêsmi kapirsa swarane | wus adangu sira sri bupati | dènira tinangkil | ngandika sang prabu ||

8. amariksa kanthining ajurit | Balambangan kang wong | sapa ingkang amojok jurite | samya matur sakathahing mantri | anênggih rumiyin | kang rosa prangipun ||

9. anadhahi pangamuke Bali | jêjênêng sang katong | Padurêksa punika wastane | wontên sadhèrèkipun satunggil | angamuk ing wêngi | langkung sêktinipun ||

10. pun Wôngsakartika wastanèki | ngandika sang katong | iku sapa mêngkono arane | dening ingsun durung wruh ing uninguni. | sigra awotsari | kang dinangu matur ||

11. nênggih nakipudnakipun. paman Sang Aji | Pringgalaya Katong | ingkang dumadya wêwêri rajèng | ing ngriki nguni kang lampah maling | katur ing sang aji | karuhun tinundhung ||

12. angandika sang sri narapati | wong sêsanak anom |

--- 10 : 28 ---

lamun ora nana pakewuhe | anglampahi lara lawan pati | yèn ana ajurit | iku kang angamuk ||

13. alah timbalana dèn agêlis | sebaa maringong | lan si adhi Padurêksa mangke | iku ngong jungjung Ki Adipati | Têpasana adhi | iku lungguhipun ||

14. ajajara lan santana mami | sèwu kang lêlunggoh | pra santana angèstrèni kabèh | sigra jêngkar sang nata tinangkil | malêbêt jro puri | para graha mêthuk ||

15. tan kawarna laminya ing mangkin | midhangêt sang katong | ing Sumêdhang Ukur pambalike | langkung dukane sri narapati | wus mijil tinangkil | wadyagung supênuh ||

16. para mantri wus angudanèni | yèn duka sang katong | mukanira konjêm siti kabèh | langkung ajrih mulat ing nrêpati | tan ana kumlisik | prasamya tumungkul ||

17. èsmu duka sang nata derangling | dhatêng wadyanya wong | ing Sumêdhang ing Ukur wartane | kang katur mring sun mêngko ambalik | gêcêkên tumuli | lan nagara Ngukur ||

18. Si Tumênggung Singaranu aglis | lan sabalanya wong | lurugana ing Ukur dèn age | lah tumpêsên sakathahing janmi | sok lananga ugi | ajana kang kantun ||

19. wong bumija iridên dèn aglis | numbakanyar kang wong | lan wong sèwu iku sakancane | iya adunên kabèh ajurit | lawan wong pasisir | milua anglurug ||

20. para mantri kang kinon wotsari | ngandika sang katong | lamun kalah wong Ukur

--- 10 : 29 ---

jurite | lah tumpêsên ajana kang kari | kang kinon wotsari | sigra nêmbah mundur ||

21. wus lumampah sakathahing mantri | wong Bagêlèn kulon | wong bumija mêtu nagarane | wong pasisir sampun dèn utusi | prasamya ajangji | Banyumas akumpul ||

22. tan kawarna pan sampun apanggih | gêgaman agolong | ing Banyumas gon akumpul kabèh | wus arêmbug bubar para mantri | tan kawarnèng margi | wus prapta ing Ukur ||

23. wong pasisir êlor dèn barisi | wong Banyumas kulon | wong Bagêlèn kidul ing barise | wong bumija wetan dèn barisi | wus atêmu jurit | kuthanê kinêpung ||

24. wong desane samya dèn boyongi | ingkang lanang wadon | pinatenan têka ing rarene | arsa angamuk boya kawawi | wong jro kutha tintrim | malih sami kuru ||

25. wus arêmbug sawong ing Matawis | ngrangsang kutha katong | miwah para bupati sakèhe | sigra akèn atêngara aglis | gêgaman wus mijil | sarêng angkatipun ||

26. wong jro pura kathah sami nangis | gègèr jaba amor | bupatine wus mênthil atine | prajurite tan kêna tinari | wus angrasa mati | budinipun tanggung ||

27. wong Mataram samya anglêbêti | wong kutha areyon | ingkang wani tan rêmbug ature | sigra mangsah anêmpuh gya mati | sigra anglêbêti | wong kutha tinumpu ||

28. Adipati Sumêdhang wus kêni |

--- 10 : 30 ---

binasta dènnya wong | wong wadone wus binoyong kabèh | gêdhe cili datan ana kari | wus ginawa mijil | tangisira umyung ||

29. wong ing Ukur ingkang dèn patèni | cacah sèwu kang wong | sampun bubar sadaya barise | tan kawarna lampahirèng margi | wus praptèng Matawis | matur ing sang prabu ||

30. yèn ing Ukur sampun kalah jurit | wongipun kaboyong | sampun tumpês kabèh wong lanang |Kurang satu suku kata: sampun tumpês kabèh wong lanange. langkung suka de sri narapati | tan winarnèng kawi | anênggih winuwus ||

31. kala kangjêng sultan acangkrami | midêr-midêr kêbon | saampilan tlêmpak landheyane | wrêgu kabêkta dera wadyèstri | asring nèng kêboning | bêburon wanagung ||

32. sapraptaning kêkêbonan asri | jêng sultan amanggoh | kidang jalêr kalangkung galake | iku kalangênaning nrêpati | kidang amulat ing | sultan gya anêmpuh ||

33. kangjêng sultan wus prayitna wèsthi | ampilan ginayoh | wus ingagêm nglêmpak ing astane | kidang nandêr sultan ananggoni | andhêman ngênèni | rahing kidang nêmbur ||

34. nanging kidang asru pambandrênging | panêmpuhing katong | tlêmpak wrêgu sangêt mantêlunge | karana kidang prapta ing ngarsi | malah sultan kongsi | kagayor kang pupu ||

35. nanging datan karaos ing wêntis | panggayoring buron | kangjêng sultan dahat atêguhe | dadya tan pasah wêntis tan busik | wusing kidang mati | sultan ngandikarum ||

36. iya sakèhe nak putu mami | ing sawuriningong |

--- 10 : 31 ---

aywa ana nganggo landheyane | wrêgu iku apan nêniwasi | sigêgên ling aji | dyan malih winuwus ||

37. kangjêng sultan jênêngira aji | kadhatone roro | ing sagara kidul satunggale | Nyai Kidul kagarwa nrêpati | mila sri bupati | kalih puranipun ||

38. Nyai Kidul mapan iku pêri | parayangan kang wong | nora suka pan dudu jatine | mapan mijil saking manusèki | putraning nrêpati | ingkang asêsunu ||

39. duk kapanggih putra ingkang brangti | sarêng mulat kang wong | sarêng korut putra lan putrine | saking karsaning Hyang Kang Linêwih | rasanya anunggil | dadya Nyai Kidul ||

40. kangjêng sultan arsa acangkrami | bubar sing kadhaton | Pamantingan samana jujuge | sampun prapta têpining jaladri | sakathahing pêri | prasamya amêthuk ||

41. Nyai Rara pan sampun lumaris | amêthuk sang katong | êjim pêri padha ngiring kabèh | anampani caratan nêrpati | sang nata kinanti | dening Nyai Kidul ||

80. Kinanthi

1. upacara sang aprabu | tinampanan dening pêri | sawarnaning upacara | pêri ingkang anampani | manungsa datan uninga | gêgawan yyan dèn gêntèni ||

2. sadaya samya gêgêtun | kawarnaa sri bupati | lumampah kêkanthèn asta | sampun angambah jaladri | kadya angambah dharatan | sakêdhap datan kaèksi ||

3. nanging wadyabala agung | atembak anèng pasisir | pan pasisir Pamantingan | prasamya angati-ati |

--- 10 : 32 ---

kawarnaa sri narendra | wus anèng madyèng jaladri ||

4. prapta ing kadhaton sampun | alun-alune arêsmi | pancaksujine têmbaga | galedheganipun wêsi | botrawi angapit lawang | binatur sela candhani ||

5. pêpêthetan pinggiripun | sêkare tulya angrawit | sêkare awarna-warna | palagumantung andadi | samya ngêmohi sadaya | sawênèh kêmbang apêntil ||

6. sri narendra nulya laju | kandhêg ing witana asri | siniwi ing parayangan | bangsal pangrawitnya adi | sasoka samya têmbaga | sirapnya salaka putih ||

7. binatur rata parunggu | ing luhur salaka putih | witananya pangunggahan | samya kancana kinardi | pinatik ing nawa rêtna | lêluhure sutra putih ||

8. cêploknya kancana wungu | pinatik ing rêtna adi | kadi thathit aliwêran | dinulu lwir lintang ngalih | palataran sinêbaran | sêsotya kang alit-alit ||

9. Nyai Rara aris matur | dhatêng kang raka nrêpati | sultan paduka katuran | pinarak sajroning puri | sri narendra sigra bubar | sampun jêngkar ing sitinggil ||

10. kangjêng sultan sigra laju | wus rawuh ing dalêm puri | sampun prapta ing kadhatyan | pinarêk ing kanthil rukmi | Nyai Rara tan atêbah | alinggihira sumandhing ||

11. pasrean kumêndhung-kêndhung | pinalisiran cawêni | cinêplok ing nawa rêtna | pinggir kinarya kêkitir | rênyêp-rênyêp kadi lintang | anglir kaswargan angalih ||

--- 10 : 33 ---

12. sultan minggah ing jinêmrum | Ni Rara tansah kinanthi | sampun praptèng pasarean | saksana samya aguling | tutug dènnya sacumbana | wus bêdhah kutha ing Mêsir ||

13. Nyai Kidul nulya matur | dhatêng kang raka nrêpati | kawula atur uninga | ing mangke kawula gusti | mèh puput jênêngandika | wontên karsaning Hyang Widi ||

14. amung kantun kalih taun | jêngandika yèn suwawi | ngaliha saking Mataram | atilara bala mantri | putra kalawan santana | miwah garwa sri bupati ||

15. pasthi sampeyan pukulun | apan botên mati-mati | tumêka ing akir jaman | gumujêng sri narapati | kamangkara sira mirah | dènira asih ing mami ||

16. kaya ngapa mirah ingsun | yèn kalakona angalih | dening saking marmanira | alah iya ingsun yayi | kaya ngapa yèn ngaliha | saking nagara Matawis ||

17. sakwèhing lêluhur ingsun | pinêthèk anèng Matawis | wong Jawa yutan awêndran | sêbute duk maksih urip | pan ingsun jatining janma | pasthine kalamun mati ||

18. sakathahe kang tumuwuh | iku mijil saking janmi | êjim pêri parayangan | miwah setan lawan eblis | tan padha lawan manusa | sakathahe kang kumêlip ||

19. amiyarsa Nyai Kidul | ing pangandika nrêpati | akèh karasa ing nala | sumungkêm sarwi anangis | angrasa yèn ta bênêran | datan bisa anauri ||

20. sang dyah nangis pangkonipun | sêsambate [sêsa...]

--- 10 : 34 ---

[...mbate] ngasih-asih | umatur dhatêng kang raka | dhuh kakang Sultan Matawis | kawula gusti nênêdha | dadèkêna janma malih ||

21. jêngandika ratu agung | trus ing tingal tur asêkti | kasusra ing tanah Jawa | yèn andika ratu adi | pangruwat salwir tumitah | tan ana angkêr asungil ||

22. panjênêngan sang aprabu | apan sampun dèn idini | saking nagara ing Mêkah | ing Jawa tan ana tandhing | jumênêng Sultan Mataram | para ratu sami ngabdi ||

23. dika ruwat awak ingsun | pan kula angsal ing janmi | sri narendra angandika | dhuh anggèr pan ora kêni | wus pasthi karsaning Suksma | datan kêna owah gingsir ||

24. dening sira lamun tuhu | angsal ing sujalma dhingin | ing benjang ari kiyamat | sira anunggal lan mami | sang dyah anangis kewala | sêsambate amlasasih ||

25. sang dyah sangêt tangisipun | sumungkêm pangkon nêrpati | sarwi anyêkêli asta | dhuh kakang sultan dèn aglis | ruwatên sariraningwang | kapingin dadia janmi ||

26. sang nata aglis anulung | anêndhal cindhe sumampir | sang dyah pan sampun ingêmban | rinungrum angarih-arih | binêkta maring paprêman | ngidêrakên sarwa sari ||

27. têtamanan sri anglangut | bêbatur salaka putih | binacingah ing kancana | jêmbanganira ngidêri | binatur salaka pêthak | gêdhah biru gêdhah abrit ||

28. lwir kaswargan yèn dinulu | warnane kang taman asri | warnanên sri naranata | kalangkung wêlas ing galih | kang rayi ingaras-aras |

--- 10 : 35 ---

tan pêgat dèn pituturi ||

29. sang dyah ayu sampun lipur | anulya kondur sang aji | pinarêk bale kancana | tinatrapan ing rêtnadi | tinurut ing nawa rêtna | pinggire rinaja wardi ||

30. warnane pating palancur | sampun pinarêk sarimbit | sang dyah tansah lêliyangan | mring raka Sultan Matawis | sang rara ayu amucang | kang raka angaras pipi ||

31. ingaras-aras lumintu | sang dyah ayu kongah-kangih | mèsêm sarya angandika | mring raka Sultan Matawis | kawula matur sang nata | angaturana prayogi ||

32. mapan dhuwung sang aprabu | wasiyat inggih kêkalih | punika atur kawula | kabucala salah siji | kawula kang rumêksaa | sampun angèwêd-èwêdi ||

33. yèn paduka sampun surud | pasthi punika winaris | têmah dados rêrêbatan | wontên narendra kêkalih | dadya èwêd wong Mataram | wêkasan atêmah jurit ||

34. angandika sang aulun | iya bênêr sira yayi | pemutira mara ringwang | besuk sun bucal satunggil | sira mas kang nampanana | Si Sangkêlat kêris mami ||

35. lah kantuna jiwaningsun | manira akarsa mulih | pan inganti wadyaningwang | ana pinggir ing pasisir | sang dyah rara awotsêkar | kawula tumut sang aji ||

36. yèn sampeyan sampun rawuh | ing kadhaton ing Matawis | kawula inggih mantuka | ing samadyaning jaladri | sang nata ngaras ing garwa | lah ta payo nimas yayi ||

37. sang dyah akêkanthèn [akêkanthè...]

--- 10 : 36 ---

[...n] sampun | asta kalawan sang aji | êjim pêri parayangan | sadaya samya angiring | sarwi ambêkta ampilan | yèn tinon kalangkung asri ||

38. sang nata nulya lumaju | angambah sirèng jaladri | kadi angambah dharatan | ombak agêng anèng ngarsi | lesus agêng pôncawora | samya lumampah ing ngarsi ||

39. wong Mataram sampun wêruh | watêke ingkang kariyin | barat agêng pôncawora | pasthi rawuh sri bupati | pan sampun saos sadaya | miwah wadya kang angampil ||

40. sang nata sampun kadulu | miwah upacara adi | kang bêkta datan katingal | pan sampun prapta ing pinggir | sampun sami tinampanan | kadya lumampah pribadi ||

41. anulya sira sang prabu | garbonge kang dèn titihi | kalihan kang Nyai Rara | nanging tan ana udani | lampahira rêreyongan | dinulu langkung arêsmi ||

42. datan kawarna ing ênu | sampun rawuh ing nagari | sang dyah rara pêpamitan | kakang kawula yèn mulih | sang nata angaras-aras | ingsun tilarana yayi ||

43. gantènira jiwaningsun | sun karya panamur wingit | sang dyah jiwit sarya ngucap | dhuh lamis têmên wong iki | sêsampunira amucang | gantèn katur saking lathi ||

44. tinampan waja sang prabu | ingaras awanti-wanti | sang ayu nulya lumampah | mèsêm sarwi nolah-nolih | sang nata anut ing tingal | wus lêpas dènnya lumaris ||

45. sigra ngadhaton sang prabu | pinêthuk ing para rabi | sampun [sa...]

--- 10 : 37 ---

[...mpun] praptèng dalêm pura | wong ing jro samya anangkil | sang nata sampun pinarak | dene sakèh para rabi ||

62. Sultan Agung seda dipun gêntosi putra Pangran Arya Mataram, ajêjuluk Sunan Mangkurat

46. tan kawarna lamènipun | mangkana sri narapati | apan sampun apêputra | sininggih jalu kêkalih | ingkang sêpuh rajaputra | pan sampun amawi krami ||

47. Surabaya putranipun | kang anama Ratu Pêkik | ingkang anom rajaputra | anama Radèn Mas Alit | datan kawarna laminya | mangkana sri narapati ||

48. wus tutug sêmayanipun | sampun jangkêp kalih warsi | anulya gêrah sang nata | ingadhêp ing para rabi | sang nata aris ngandika | akèh nimbali ing mantri ||

49. Tumênggung Wiragunèku | tinimbalan praptèng ngarsi | sang nata aris ngandika | lah ta kêris ingsun iki | buwangên maring sagara | aja angewuh-ewuhi ||

50. lamun ingsun têkèng surud | ajana ratu kêkalih | yèn mêksih roro wasiyat | pasthi iku dipun waris | dhuwung ingsun Si Sangkêlat | labuhên anèng jaladri ||

51. Wiraguna tampi dhuwung | anulya sira lumaris | datan kawarna ing marga | prapta têpining jaladri | wontên alun agêng prapta | punika ingkang nampèni ||

52. dhuwung pan sampun linabuh | Ki Wiraguna wus mulih | sampun prapta ing kadhatyan | wus katur dhatêng sang aji | sang nata aris ngandika | lah

--- 10 : 38 ---

undangên putra mami ||

53. lawan sanak-sanak ingsun | kang kinon nêmbah lumaris | ingkang putra tinimbalan | Pangeran Purubayèki | wus prapta ngarsa sang nata | dèn awe dening sang aji ||

54. angandika sang aulun | lah kakang manira iki | prapta ing dina wêkasan | sihing Hyang maringsun iki | lah kakang wêkas manira | dèn apênêd-pênêd kari ||

55. Pangran Purubaya matur | sintên kang yogya gumanti | kangjêng sultan aris mojar | kakang karsanipun mangkin | putraningsun kae Arya | Mataram ingkang gêntèni ||

56. dening putraningsun sêpuh | layak jumênêng nrêpati | dening arine Ki Jaka | punika milua mukti | sang nata sampun mamêkas | gurnita swara nauri ||

57. gunung Marapi gumlêdhug | miwah swaraning jaladri | sarta barat lan ampuhan | saha udan riwis-riwis | sang nata sampun sinundhang | sigra mapad sri bupati ||

58. kang tangis umyang gumuruh | graha lawan para sêlir | wong dalêm samya karuna | sêsambate amlasasih | kang putra kalih karuna | sarwi sira anungkêmi ||

59. jro pura swaranya umyung | gègèr wadya ing Matawis | wong ciline apuyêngan | kawarnaa sri bupati | kang layon wus siniraman | anulya dipun ulêsi ||

60. nulya sinalatkên sampun | layon wus munggwing ing kathil | anulya agya binêkta | pinikul ing para modin | kang garwa sami karuna | miwah ingkang para sêlir ||

61. sampun miyos ing

--- 10 : 39 ---

kadhatun | binêkta dhatêng Magiri | pan sampun prapta ing arga | layon sang nata wus manjing | ing kaluwat lêlandhakan | apan sampun dèn urugi ||

62. kaum maca donga sampun | anulya prasamya mulih | garwa kalawan santana | miwah ingkang para mantri | prasamya kawêlasarsa | sinambêr ing dhandhanggêndhis ||

81. Dhandhanggula

1. kala sêmana dèn sêngkalani | bujôngga manggih wisiking nata |Sengkalan: bujôngga manggih wisiking nata (1558 A.J.). poma èngêtêna kabèh | wadya pan sampun rawuh | ing pasowan atata linggih | pêpak wadya Mataram | anèng alun-alun | pan sami arêrêmbagan | kang jumênêng narendra anèng Matawis | mantri pêpak sadaya ||

2. kawarnaa sira Adipati | Purubaya wus anèng paseban | alinggih ing paglarane | pangandikanirasru | wong Mataran wruhanirèki | nagara ing Mataram | ingsun kang jêjuluk | nora nanane sang nata | iya ingsun kang parentah ing Matawis | sapa ingkang malanga ||

3. têkakêna karosanirèki | sakathahe santana Mataram | ingsun mungsuhira mangke | pra santana tumungkul | pra dipati prasamya ajrih | mantri wêdi sadaya | tan ana kang purun | mring Pangeran Purubaya | samya anut tan ana sawalèng budi | datan lêngganèng karsa ||

4. Adipati Purubaya angling | ingkang putra anulwaanulya. ingangkat | Pangran Arya Matarame | lininggihakên sampun | ing dhêdhampar gadhing rinukmi | kasur babut sinulam | lininggihan [lininggih...]

--- 10 : 40 ---

[...an] sampun | Jêng Pangeran Purubaya | sigra lèngsèr pinarak lan pra dipati | kagyat para santana ||

5. sakathahe mantri ing Matawis | nora nyana Pangeran Prubaya | mêngko karêpe sêmene | dadya sangsaya katut | sakathahe mantri Matawis | samya ngangkat sadaya | tan ana kang nyandhung | para santana sadaya | tuwa anom sampun sami angèstrèni | dhatêng sri naranata ||

6. Dhatuk Sarip miwah para aji | pandhita angèstrèni sadaya | pangulu lawan kêtibe | donganipun jumurung | yèn Pangeran Arya Matawis | jumênêng ing Mataram | amêngku kadhatun | jumênêng Kangjêng Susunan | Amangkurat Senapati tanah Jawi | jêjuluk Ngabdulrahman ||

7. Sayidin Anata ing Agami | wong Mataram pan atrêp sadaya | miwah pra dipati kabèh | môncanagara takut | wong pasisir prasamya ajrih | tan winarna laminya | dènnya madêg ratu | ing Mataram Bangunkarta | wus kasusra ing tanah sabrang nrêpati | ratu tanpa sisihan ||

8. tan winarna lamine ing mangkin | sri narendra arsa sinewaka | ing dina Soma mangsane | upacara wus mêtu | sri bupati anulya mijil | ginrêbêg ing badhaya | kyèhnya pitung lajur | sami lumampah ing ngarsa | samya ngampil upacaranira asri | kuthuk lawan lantaran ||

9. kêkayukêkacu. mas lawan sawunggaling | kacapuri gandhèk anèng ngarsa | ardawalika jajare | waos ampilanipun | samya ngapit [nga...]

--- 10 : 41 ---

[...pit] ing kanan kèri | pêdhang lawan sarampang | parêk lan sang prabu | magêrsarine akapang | towok tulup panah pêdhang tamèng tamsir | amyang kang tumbak sulam ||

10. priyantaka munggwèng ngarsa têbih | saragêni ajajar atarap | kang kôndha ngapit margane | sang prabu wus tumurun | ing sitinggil lampahnya aris | dhatêng bangsal witana | pagêlaranipun | wus pinarêk ing dhêdhampar | sri narendra citranya tuhu apêkik | watêk prabu taruna ||

11. cahyanira sang nata nêlahi | warnanira lwir pendah sasôngka | mêntas kagrahanan trange | riyêm-riyêm asêmu | cahya wêning lwir mas sinangling | lir Hyanghyang Kamajaya | sêdhênge tumurun | saking swarga maring donya | wong Mataram sangsaya awêdi asih | mring Prabu Amangkurat ||

12. kang aseba ngapit kanan kèri | wong kapêdhak ing wuri sang nata | gêdhong lan pamajêgane | lwir na kapêdhak agung | jagabaya ing kanan kèri | sisih wong sangkragnyana | pinilih sumambung | kartiyasa wisamarta | lan wong magang yudamênggala anangkil | katanggung jajarira ||

13. wirabraja aseba asisih | brajanala lawan patrayuda | kanoman ika jajare | gandhèk seba ing ngayun | mantri anom rada kapering | lawan wong ing nagara | sisih martalulut | margasa gowong ajajar | suranata kapering rada kawuri | niyaga wingking wetan ||

14. myang wong gamêl nèng ngarsa kapering | pan punika anangkil sadaya | pra

--- 10 : 42 ---

bupati ngarsa kabèh | santana sêpuh-sêpuh | Jêng Pangeran Purubayèki | Pangran Silarong ika | jajare alungguh | lan Pangeran Pringgalaya | Têpèngsara Prawirataruna nangkil | Pangeran Martapura ||

15. adipati ing Pugêr anangkil | jajarira Pangeran Balitar | Dipati Mangkubumine | lan Wiramênggalèku | Têpasana Sebajayèki | lawan Kusumayuda | Dêmang Malangipun | lan Radèn Wiranêgara | Wirasari lawan Radèn Wiramantri | Radèn Wiradipura ||

16. pan punika santana nrêpati | pan akathah ingkang kalangkungan | saking cupête budine | Tumênggung Singaranu | kang sumambung santana aji | sadaya pan jajarnya | pêpêkan supênuh | numbakanyar sinambungan | wong pasisir sadaya samya anangkil | miwah môncanagara ||

17. ingkang sadhèrèk sri narapati | Jêng Pangeran Arya wastanira | Danupaya pamomonge | ajêjuluk Tumênggung | Jêng Pangeran Arya anênggih | dawêg kumala-kala | ika wayahipun | nanging dèrèng mawi krama | pan wus nangkil munggwèng ngarsane nrêpati | jajar lawan santana ||

18. angandika sang sri narapati | hèh sakèhe wong ingsun Mataram | padha anyithaka kabèh | ing mangke karsaningsun | kutha Karta ingsun alihi | akarya kutha bata | Palèrèd ta ingsun | satilase kangjêng rama | datan purun ingsun arsa sun ingsêri | karya yasa priyôngga ||

19. lan maninge ingsun mirsa warti | Balambangan ing mêngko rinêbat |

--- 10 : 43 ---

marang wong Bali wartane | iya Si Tawangalun | wus angidhêp maring wong Bali | lah uwa Purubaya | dika kula tantun | kadipundi karsandika | botên pantês yèn lampahana tumuli | uwa dika pikira ||

20. Jêng Pangeran Purubaya angling | yèn suwawi dawêg linampahan | kinawonakên jurite | lamun kawon kinêlun | binoyongan ajana kari | môngsa wande punika | anggèr dados mungsuh | sri narendra angandika | sapa sintên uwa yogyane tinuding | anglurug Balambangan ||

21. Adipati Purubaya angling | botên kenging kawula matura | langkung karsa nah ing anggèr | angandika sang prabu | lah ta Wiraguna sirèki | sira padandanana | sira sun kon nglurug | Si Tumênggung Danupaya | rowangira angirida wong Matawis | lah wong môncanagara ||

22. lah Tumênggung Mataram sirèki | angirida pasisir sadaya | mêtua nglaut jurite | nanging ta putraningsun | Ki Dipati Sampang sirèki | aja milu ayuda | iku karsaningsun | nanging ta sira tuduha | para mantri sapa ta ingkang prayogi | matur Dipati Sampang ||

23. sampun jêngkar sang nata tinangkil | sampun malêbêt ing dhatulaya | warnanên para mantrine | Tumênggung Singaranu | angundhangi ing wong Matawis | padha sira nyithaka | Palèrèd gènipun | sampun anyithak sadaya | kawarnaa Tumênggung Wiragunèki | sampun sami adandan ||

24. miwah pasisir môncanagari |

--- 10 : 44 ---

ingutusan kinèn asaosa | wus ajangji patêmone | Ki Wiraguna sampun | sakancane anuhun pamit | nanging tan winiyosan | dening sang aprabu | pan kinon bubar kewala | sigra bubar Tumênggung Wiragunèki | Tumênggung Danupaya ||

25. sakancane pan sampun lumaris | Tumênggung Wiraguna samana | Ki Danupaya rowange | dening kyai tumênggung | ing Mataram maring pasisir | kinèn anjênêngana | kang ajaga nglaut | wadya pasisir sadaya | nanging Adipati Sampang tan umiring | maksih anèng Mataram ||

63. Pangeran Alit rayi Sinuhun Mangkurat ambalela, tiwas ing prang

26. tan winarna laminya ing mangkin | kang anglurug datan cinarita | sang nata pan sampun akèh | akarya bata sampun | wong Mataram anambut kardi | ênêngêna sêmana | agênti winuwus | Pangeran Arya winarna | duk pinarêk ing dalêmira siniwi | Tumênggung Pasingsingan ||

27. marêk dhatêng pangeran aryadi | anakira aran Agrayuda | amung punika rowange | Kya Pasingsingan matur | kados pundi sampeyan gusti | dhatêng kèndêl kewala | kawula anuhun | ing mangke punapa karsa | rakandika sampun jumênêng nrêpati | sampeyan têka eca ||

28. Jêng Pangeran Arya ngandikaris | apan ingsun tan nêdya mangkana | ing kakang êmas jênênge | lan sanakipun sêpuh | pan prayoga [prayo...]

--- 10 : 45 ---

[...ga] jumênêng aji | gêntining kangjêng rama | wong Mataram rêmbug | dènnya gêntèni jêng rama | nèng Mataram lan Yogya sun kabêktèni | ingsun ngayub ing kakang ||

29. Tumênggung Pasingsingan sirangling | adhuh gusti anggèr kamangkara | jêngandika pangandêle | nanging pangraos ulun | datan eca tuwan lampahi | dening tingal kawula | sampeyan pukulun | sami-sami lan kawula | dede pantês sadhèrèking sri bupati | têksih nglampahi papa ||

30. pan kawula atas mirsa warti | sawêlingê rama jêngandika | ing Mataram sapungkure | kinèn sami apatut | pan paduka kinèn amukti | sêsoran ing narendra | ing mangke pukulun | jêngandika taksih nistha | têksih sami kawalankalawan. mantri Matawis | punika tur kawula ||

31. rakandika yèn sêdya abêcik | pan sampeyan sinung kawibawan | linuhurakên linggihe | pangraos kawulèku | rakandika datan nêtêpi | marma yèn kaparêngan | gusti mangke mupung | wong Mataram kathah kesah | ingkang kantun pan sami anambut kardi | kathah kang wong ngrêsula ||

32. lan malihe kawula akait | lawan Mantri Mataram sasigar | kadi kawula kajênge | samangsane pukulun | jêng pangeran nindaki jurit | pasthi wong ing Mataram | sayuk ambiyantu | Pangeran Arya ngandika | Pasingsingan aja atari ing mami | ingsun darma punapa ||

33. ataria ing lêlurah mami | lah jalukên budine sadaya | wong

--- 10 : 46 ---

akèh apa karêpe | Ki Pasingsingan muwus | mring lêlurah kang agêng alit | kadipundi sadaya | pra lêlurah muwus | inggih lêrês jêngandika | sampun tita pangarêp-arêpe kang sih | susunan ing Mataram ||

34. jêng pangeran angandika aris | yèn mêngkono iku karsaningwang | nanging ta dèn padha rèrèh | ngong raose karuhun | lan maninge ana ngong anti | Si Bapa Danupaya | kang langkung anglurug | umatur Ki Pasingsingan | kadar pintên angantos tiyang satunggil | ing mangke kalamôngsa ||

35. pan kawula ing mangke puniki | apan sampun dipun kira-kira | dening wong Mataram kabèh | winastanan anjunjung | ing sampeyan madêg narpati | yèn botên tumuntêna | pan kawula lampus | susunan sampun miyarsa | pan uninga yèn kawula salah ati | angangkat mring sampeyan ||

36. kajêng kawula gusti ing mangkin | yèn asawawi lan karsa tuwan | kawula purih silibe | samasa mangsanipun | katungkula wadya Matawis | kula amuk kewala | sing paseban kidul | nanging gusti jêngandika | lamun wontên gègèr kabèh wong Matawis | tuwan sampun salaya ||

37. jêng pageran angandika aris | Pasingsingan apa aturira | yêkti ingsun dhèrèk bae | Ki Pasingsingan matur | adhuh gusti sampun kuwatir | dhatêng dipun pracaya | kawula anuhun | ayun mantuk rêrêmbagan | Pasingsingan anêmbah anulya mijil | mantuk mring wismanira ||

38. tan kocapa

--- 10 : 47 ---

Pasingsingan iki | kawarnaa Pangeran Prubaya | dhumatêng ing kadhatone | umarêk ing sang prabu | sampun prapta sajroning puri | pan ngaturi uninga | ingandikan sampun | sapraptanira ngajêngan | wus alinggih ing ngarsanira nrêpati | sang prabu angandika ||

39. lah uwa baya ta wontên kardi | kadosngarèn malêbêt ing pura | pangeran alon ature | kawula asung wêruh | rayi tuwan Radèn Mas Alit | ing mangke ingadonan | dening pun Tumênggung | Pasingsingan ingkang ala | rayi ndika pinrih purun ing nrêpati | arêbat palênggahan ||

40. yèn tan wuntên pinapas tumuli | rayi dalêm pasthi kababaran | punika ing satêmahe | pun Pasingsingan baud | pasthi rayi paduka aji | dèrèng wruh ing wêweka | watêk maksih timur | ginunturan ing wong ala | pasthinipun punika têka nuruti | amêngsah sri narendra ||

41. sri narendra kumêjot kang lathi | amiyarsa ature kang uwa | duka sajroning manahe | dènnya ngandika asru | lah ta uwa ing karsa mami | yèn têmên ingkang warta | iku karsaningsun | Si Tumênggung Pasingsingan | pinatenan wiyahêna yèn tan mati | pasthine dadi gêndra ||

42. jêngandika uwa benjing-enjing | mêdalana karya pababatan | Pasingsingan bubuhane | pan wus sami anambut | Pasingsingan yèn sampun prapti | anuli sudukana | dening sirahipun | uwa katura maringwang | Jêng Pangeran Purubaya sigra [si...]

--- 10 : 48 ---

[...gra] amit | dhatêng sri naranata ||

43. Pangeran Purubaya wus mijil | saking puragya mantri Mataram | sampun winangsitan kabèh | sami prayitna sampun | tan kawarna mantri Matawis | enjinge kang kocapa | pangeran wus mêtu | jêjênêngi mring pabatan | wong Mataram eca dènnya nambut kardi | saprênah-prênahira ||

44. ênêngakêna kang nambut kardi | Tumênggung Pasingsingan winarna | wus rêmbug lawan putrane | kang nama Grayudèku | apan sampun winêling-wêling | lah poma kulup sira | ngaria karuhun | lan sakulawarganira | iya padha padandana tumuli |Kurang satu suku kata: iya padha apadandana tumuli. sakapraboning yuda ||

45. dening ingsun kulup kang rumiyin | ingsun anambut karya bêbata | ana paseban kidule | yèn wong bêbata iku | wan-awanan yèn wus amulih | dening ing mêngko sira | sun utusi iku | anuli sira praptaa | lan sagêgamanira ajana kari | sêsampuning mamêkas ||

46. Tumênggung Pasingsingan siraglis | sampun mangkat saking wismanira | prapta paseban kidule | praptane ki tumênggung | lampahira adhingkik-dhingkik | ngulap-ulap amangwang | wong nambut karyèku | Jêng Pangeran Purubaya | wus uninga Pasingsingan lagi prapti | pan sampun rinakitan ||

47. wus cêlak cinêluk ing amanis | Tumênggung Pasingsingan dèn enggal | lah alinggiha ing kene | sigra lampahe gupuh | Pasingsingan prapta ing ngarsi | lampahe mêndhak-mêndhak | sarêng arsa lungguh | mantri sampun [sampu...]

--- 10 : 49 ---

[...n] kinêjepan | sakathahe wus sami uningèng wangsit | nulya sarêng narajang ||

48. Pasingsingan apan dèn suduki | datan kongsi sagêd amalêsa | tan kongsi konus dhuwunge | Pasingsingan wus lampus | kang angiring ebat ningali | gya lumayu sadaya | wau murdanipun | Pasingsingan wus tinigas | gya jinambak kang murda nulya cinangking | pan sampun winadhahan ||

49. wus katur dhatêng Sang Adipati | Purubaya saksana binêkta | marêk ing sang prabu age | kang pura Karta iku | ênêngêna ika rumiyin | warnanên Agrayuda | anèng wismanipun | pan wus sinungan wruh ika | yèn kang rama sampun anêmahi pati | mastaka wus tinigas ||

50. apan pêjahe dipun suduki | Agrayuda dupi amiyarsa | sakalangkung ing krodhane | gya ngrasuk busana wus | anyuriga kris wus kulambi | sigra anitih kuda | nandêr lampahipun | sarya ngagêm waosira | kulawôngsa binêkta ical ing margi | Grayuda kadhewekan ||

51. sapraptanira ing pôncaniti | Agrayuda sampun rinakitan | Agrayuda pangamuke | pan kadhewekan iku | pira kuwate wong sawiji | Agrayuda wus pêjah | wau patinipun | apan anèng pamanggahan | wus tinigas murdane Agrayudèki | kocapa sri narendra ||

52. apan sampun ingaturan uning | yèn pun Pasingsingan sampun pêjah | Agrayuda panusule | mati nèng alun-alun | murdanira katigas malih | sigra sri

--- 10 : 50 ---

naranata | nulya miyos gupuh | siniwi ing pagêlaran | wus pinarêk bangsal witana ing nginggil | ya ta Pangran Purbaya ||

53. sampun umarêk ing sri bupati | sarya anyangking punang mustaka | wus ingaturakên age | angandika sang prabu | maring pariwaranirèstri | lah Tajêm timbalana | iya ariningsun | adhi mas sira waraha | lamun ingsun saking alami tan panggih | kangên mring kang sarira ||

54. iya lawan sapindhahe malih | dening gon ingsun dadya narendra | durung duwe kadhatone | lagi akarya ingsun | pan si adhi kon sun jênêngi | ingsun dèn kayanana | kadhaton kang luhung | Nyai Tajêm sigra mentar | tan asuwe lampahe anulya prapti | dalêm Kadanupayan ||

55. apan pangeran sampun kapanggih | anulya dhawuhakên timbalan | kawula ingutus anggèr | mring rakandika prabu | pan sampeyan dipun timbali | dèn enggal lampah tuwan | lah dandana gupuh | mila tuwan tinimbalan | sayêktose sampeyan kinèn jênêngi | gone ta karya kitha ||

56. wong Mataram kang sami akardi | kitha punika mila pangeran | kinèn jênêngi wiyose | sigra pangeran gupuh | wus akampuh anulya mijil | kapal sumadyèng ngarsa | tinitihan sampun | gya cinamêthi kinêtab | nandêr nongklang lampahira sang apêkik | tan mawi upacara ||

57. tan asuwe lampahira prapti | ngalun-alun pangran wus tumêdhak | gya minggah sitiinggile |

--- 10 : 51 ---

prapta ngarsa sang prabu | jêng pangeran sampun alinggih | sang nata wus anyandhak | mastaka ginantung | nguncalakên arinira | ing ngarsane lah iku rupane adhi | kang arsèng jungjung sira ||

58. pangran kêbat dènnya ngunus kêris | agya mastaka kang tinadhahan | cinacah-cacah dhuwunge | sarwi ngandika asru | dening têka ngebat-ebati | Pasingsingan patinya | nora têka lampus | mundur atilar pocapan | apan ingsun ora sêdya nora ngipi | amungsuh kakang nata ||

59. mati têka nora tulus mati | têka sira gêgawa maringwang | angrêrèndèngi bêrcikebêcike. | sang nata sigra muwus | alah kaya apa ta adhi | iku ing ujarira | kang rayi wotsantun | ature dhatêng kang raka | kakang prabu kawula datan angipi | nêdya kadya punapa ||

60. lawan botên nêdya êsir wahir | kawula balila ing paduka | rèh tuwan umadêg rajèng | gêntosi rama prabu | sinêmbah de wong sakathahing | myang dunung sêmbah amba | mung tuwan sang prabu | sang nata ngrês manahira | amiyarsa ature arinirèki | sang prabu angandika ||

61. alah uwis adhi mas ing mangkin | amung kêrigên lêluhurira | lah adhi êmas sakèhe | ujarira karungu | akèh-akèh karasa ngati | kang rayi awotsêkar | inggih kakang prabu | polahipun Pasingsingan | pan kawula sayêktos botên udani | pan kajênge priyôngga ||

62. duraka punapa kang

--- 10 : 52 ---

pinanggih | yèn kawula puruna paduka | kang rayi atur sêmbahe | saking ngajêngan mundur | lampahira datan asari | wus rawuh dalêmira | tinimbalan sampun | sadaya lêlurahira | sampun prapta wêwolu kathahe nênggih | wastane kang lêlurah ||

63. kang atuwa wastane anênggih | Ônggapatra Ônggapati ika | lan Ônggayuda malihe | Pakrayuda puniku | Wôngsabaya Astranonggèki | Astrapati kalawan | Astrawadanèku | Wiralodra kang pamêkas | pan punika ingkang angabên-abêni | anênggih lênggahira ||

64. sêsorane ki tumênggung nênggih | wus pêpak tinimbalan sadaya | pangeran aris wuwuse | kabèh lêlurah ingsun | wruhanira sirèki mangkin | kabèh sira sun bônda | dhewe karsaningsun | padha sun gawa bêbandan | mring paseban sun saosakên sang aji | dening ing mêngko sira ||

65. kabèh padha pinundhut sang aji | yêkti mêngko sun turakên sira | sadaya atur sêmbahe | gusti kawula nuhun | pasthi lamun dipun pêjahi | dhatêng raka paduka | gusti awak ulun | jêng pangeran angandika | apan ingsun tan wruh karsane sang aji | tambuh mati uripa ||

66. nanging tan kawasa awak mami | lêngganaa karsaning sang nata | marmane sira ing mangke | sun aturakên iku | lêwih karsanya kakang aji | lêlurah kabèh samya | asangêt turipun | sadaya sami karuna | saryatur dhuh pangeran ing gusti mami | datan wande kawula ||

--- 10 : 53 ---

67. anêmahi pêjah ingkang abdi | yèn aturêna dhatêng sang nata | amêsthi yèn botên wande | kawula têmah lampus | yèn kawula wus sami lalis | kados pundi paduka | gusti wingkingipun | kadipundi polah tuwan | ingkang abdi yèn sampun nêmahi pati | lurah nangis sadaya ||

68. kang anèng jawi miyarsa sami | yèn ing jro gumrah swarèng karuna | tumulya malêbu kabèh | praptèng jro milu muwun | sarya sami matur ing gusti | dhuh gusti sampun suka | abdine pinundhut | Ônggapatra Ônggayuda | Ônggapati sakancanira pan sami | matur ing gustinira ||

69. dhuh kangjêng pangeran gusti mami | yèn kawula sampun sami pêjah | dhuh anggèr gusti ing têmbe | sawingking-wingking ulun | lah punapa maksih amukti | maksiha awibawa | jumênêng wong agung | nanging pangraos kawula | yèn abdine wus sami nêmahi pati | pasthi gusti andika ||

70. môngsa salayaa anêmahi | ya ta pangeran arya miyarsa | ing ature lêlurahe | jêngêr tan kêna muwus | pan kèwêdan sajroning galih | sigra kangjêng pangeran | aris dènnya muwus | lah kayapa mêngko sira | budinira ing mêngko padha sun tari | lêlurah atur sêmbah ||

71. apan ing mêngke sampeyan gusti | sampun gumrah yèn arsa balila | yèn sawawi nahing anggaranggèr. | sinabilan satuhu | sakarsane sri narapati | pan wus kawula pastha | yèn tuwan prang pupuh | amêngsah raka paduka | sri

--- 10 : 54 ---

narendra wadya Mataram sapalih | ingkang sampun karêmbag ||

72. samôngsa tuwan èstu nindaki | mangsah jurit mapan wong Mataram | sadaya mingêr sanggupe | jêng pangeran amuwus | yèn mêngkono uwis abêcik | lah wis padandanana | kaprabon prang pupuh | ênêngakêna pangeran | kawarnaa sri bupati nèng sitinggil | dangu ngantya rinira ||

73. arinira adangu tan prapti | sri narendra aris angandika | mring mantri jêro kêkalèh | Dakawana ranipun | kang sawiji aran Sumêngit | aglis sira mintara | enggalna riningsun | lah payo sira susula | pan adangu ngong anti Dyan Ki Sumêngit | lawan Andakawana ||

74. kalih sampun sami awotsari | agya mudhun malayoni kuda | wus sami nitih kalihe | anandêr lampahipun | tan asuwe anulya prapti | dalêm Kadanupayan | kalih wus tumurun | Ki Sumêngit gya angucap | maring kang wong cêkêlana kuda mami | sun dhawuhkên timbalan ||

75. wus tumêdhak saking kudanèki | Ki Sumêngit prapta ing paseban | kinèn nimbali lakune | wau sira andulu | kang gêgaman jêjêl mênuhi | miring ing manahira | Sumêngit dènnya wruh | iki bêbayani uga | yèn mêngkene pangeran èstu ambalik | mangkana ciptanira ||

76. kaya ngapa mêngko ingsun iki | yèn matura dhatêng ing sang nata | ngaturna pangran alane | pan ingsun iki durung | babak-bunyak sarira mami | sapa ngandêl maringwang | katon uga ingsun |

--- 10 : 55 ---

angadon-adoni rasa | pasthi ingsun pinatèn dening nrêpati | nadyan ingsun matia ||

77. anglakoni pakoning nrêpati | apan iya iki lakuningwang | sigra lumêbu sirage | Sumêngit lakunipun | agya sira amiyak baris | ingandhêg lampahira | mring kang tunggu pintu | Ki Sumêngit sru angucap | alah mêngko aja ta sira ngadhangi | ingsun iki dinuta ||

78. iya marang kangjêng sri bupati | animbali gusti jêng pangeran | kang tunggu lawang ujare | ya mandhêga karuhun | ingsun atur uninga dhingin | tumulya matur sira | marang gustinipun | matur yèn wontên timbalan | sri narendra angenggalakên jêng gusti | kawulandhêg ing lawang ||

79. kangjêng pangeran arya sirangling | lah apa karsanira sadaya | lêlurah wotsari kabèh | sadaya sarêng matur | yèn suwawi lawan jêng gusti | punika pinêjahan | sampun kongsi wêruh | pamrih kawula sadaya | sampun kongsi katur dhatêng sang nrêpati | wus mupakat sadaya ||

80. jêng pangeran sigra nulya mijil | apan sampun angrasuk busana | sapraptane jawi age | Sumêngit wus kadulu | wadyanira pan dèn kêjèpi | Sumêngit lagya ngucap | animbali wau | tinarajang sing ngiringan | pan sinuduk kagyat anjola Sumêngit | sêdhèt narik curiga ||

81. agya kinarubut Ki Sumêngit | ing akathah tanpolih malêsa | Sumêngit wus pêjah mangke | Andakawana ngrungu | rame ing jro paseban nênggih | Sumêngit pinêjahan |

--- 10 : 56 ---

Dakawana gupuh | kudane wus cinaracag | gya kinêtab anandêr lampahirèki | prapta ngarsa sang nata ||

82. umatur sarwi akêmpis-kêmpis | kawula nuhun matur sang nata | rayi paduka ing mangke | èstu ing awonipun | malah sampun amêpak baris | pun Sumêngit punika | pinêjahan sampun | wau sawingking kawula | rayi tuwan sampun lumampah kang baris | angamuk ing karsanya ||

83. sêdya ngantêp ngamuk ing nrêpati | kagyat ing tyas sang nata miyarsa | sakêlangkung panjêngêre | mirsa ing aturipun | ing utusan mantuk satunggil | sang nata angandika | mring kang uwa wau | alah uwa Purubaya | kadipundi putra andika si adhi | lamun datan mundura ||

82. Durma

1. Jêng Pangeran Purubaya aturira | sampun karsaning Widi | rayi jêngandika | tan kêna sinêwalan | saking tiwas kawulèki | tan kèdhêp ingwang | pitutur angaturi ||

2. lah ta uwa mêngko yèn si adhi sida | iya angantêp jurit | ing karsa manira | saprayogane lampah | nging aja tumêkèng pati | oleha pira | pêpati ing Matawis ||

3. atusana ewona lêksan kêthèna | dèn amuke si adhi | ajana anglawan | dèn kêpunga kewala | sun prih têkaa mariki | manawa kêna | sun pituturi ririh ||

4. sampun mijil Jêng Pangeran Purubaya | undang wadya Matawis | miyarsa sadaya | ênêngêna saksana | warnanên Radèn Mas Alit | sampun lumampah |

--- 10 : 57 ---

sawadyanya angiring ||

5. jêng pangeran warnanira kadi bangbang | mudhun saking ing ardi | anyamping samboja | pasingsêt cindhe kêmbang | rasukan baludru wilis | murub rinenda | lancingan panji-panji ||

6. ajamang mas kinatipa tinatrapan | baèl mail rinakit | dhuwung anyuriga | Setankobêr wastanya | gumrudug lampahirèki | prapta ing pasar | gègère tan sinipi ||

7. kangjêng pangeran aris dènnya ngandika | hèh sakèhing pawèstri | ajana kang obah | têka apêpasara | môngsa ngaraha pawèstri | pan karsaningwang | sira kang sun kukuhi ||

8. jêng pangeran wus prapta ing pangurakan | dangu dènnya anganti | mantri ing Mataram | kang sami asêmaya | pangeran ngandika aris | hèh wong Mataram | padha angapirani ||

9. ing sanggupe samôngsa ingsun ngamuka | mingêr milu ing kami | mêngko padha cidra | ya ta wong pangeranan | uninga yèn wong Matawis | cidra ngubaya | prasamya anglolosi ||

10. sigra angling Pangeran Alit ing wadya | de cidra wong Matawis | lah ta kaya ngapa | yèn ingsun undurana | pan wus karsaning Hyang Widi | sigra umangsah | arsa angamuk wani ||

11. wong Mataram baris ngalun-alun aglar | nulya tinêmpuh wani | sing pinarag bubar | pan ora linawanan | mung bature kang kapêncil | wong Danupayan | punika dèn patèni ||

12. lêlurahe sami adarbe pangrasa | pan sampun anglolosi | kocaping [koca...]

--- 10 : 58 ---

[...ping] carita | pangeran ing Madura | pangeran dèn palayoni | ing karsanira | angaturi prakawis ||

13. sampun prapta ngarsane kangjêng pangeran | sampeyan dèn sungkêmi | aris aturira | adhuh gusti pangeran | ing mangke ta kadipundi | karsa sampeyan | kados makatên gusti ||

14. pan sampeyan dening asalah balila | mungsuh mring raka aji | Mataram punika | kagêngan jêngandika | kang jumênêng ing Matawis | raka andika | sampeyan tumut mukti ||

15. rakandika gêgêntine ramandika | kawula angaturi | sampeyan kondura | sampun kados punika | punapa têmahe gusti | awon kapirsa | ing lyan ing kanan kering ||

16. jêng pangeran aris dènira ngandika | Sampang aja baribin | ingsun kapakêna | pan wus karsaning Suksma | pan ingsun ora gumingsir | talitiningwang | yèn bèbèt ing Matawis ||

17. nora nana lokane cidra wacana | yèn wus ujare uwis | tan wêdi ing pêjah | Sampang lah wus mundura | aja ta amêmalangi | Pangeran Sampang | ature ngasih-asih ||

18. jêng pangeran sampun liwung ingkang manah | sigra anarik kêris | hèh Sampang ta sira | dening pêksa kèdhêpa | anuli dipun larihi | cêcêngêlira | Dipati Sampang mati ||

19. pra santana Mataram gègèr sadaya | nèng sandhaping waringin | lèring pagêlaran | Pangeran Salarongan | awas dènira ningali | Dipati Sampang | lamun sampun ngêmasi ||

--- 10 : 59 ---

20. angandika mring sakèhe wong Madura | gustinira ngêmasi | gumuling ing lêmah | ika sira rêbuta | wong Sampang sira ningali | santananira | mangsah sarwi anangis ||

21. wong Madura kumêrab sami karuna | arsa angrêbut gusti | pangeran uninga | yèn wong Sampang narajang | pan sampun angati-ati | lêlurahira | kathahe ingkang kari ||

22. wong sakawan kalima lan êmbanira | kanêm ingkang kêkasih | lan talèdhèk lanang | pangeran anarajang | wong Madura anadhahi | sinosog tumbak | kinarutug ing bêdhil ||

23. jêng pangeran pangamukira anêngah | lir Bimanyu ajurit | rinêbut ing rana | dening sata Korawa | winaos ing ngarsèng wuri | lêmbing brangkolang | saligi amalahi ||

24. wong Madura akathah longe kang pêjah | kaprawasa ing kêris | pan kakehan lawan | pangeran karepotan | kêna ing dhuwung pribadi | busik satuma | pangeran wus ngêmasi ||

25. wong Mataram saparo rêbut bêndara | pan sami aningali | kêkêtêg tan ana | lan tatu katingalan | busêk sarira kaèsi | pangrasanira | pangeran ora mati ||

26. jêng pangeran binabayang mring pagongan | sakèhe wong Matawis | ingkang angrêrômpa | sakathahing santana | atêbah jaja saryangling | dhuh gustiningwang | wus karsaning Hyang Widi ||

27. Jêng Pangeran Salarong sigra mariksa | apane ingkang kanin | katur busik ika | pangeran [pange...]

--- 10 : 60 ---

[...ran] angandika | pasthi iku lamun mandi | luwange saban | Si Setankobêr dhingin ||

28. sok tibaa pucukèku gawe rôndha | ênêngêna dipati | warnanên pangeran | layone wus binêkta | maring ing bangsal pangrawit | katur ing nata | duka yayah sinipi ||

29. nulya miyos sang ibu lawan sang nata | kang rayi dèn tangisi | pra êmban karuna | sêsambate mlasarsa | dhuh sultan dika tingali | têtilar dika | tan kêna dèn tuturi ||

30. lah ing mêngko sira nêmahi pralaya | dhuh anak ingsun gusti | sira kaprawasa | mêngko lah kaya ngapa | sira nêmahi pribadi | Pangran Prubaya | asru dènira angling ||

31. lah ta sampun punapa kang rinasanan | wus karsaning Hyang Widi | putra jêngandika | umure mung sapala | pan sampun dipun bêciki | pangran layonnya | warnanên sri bupati ||

32. angandika sang nata atuntung duka | sapa kang anangani | dening wong Mataram | têka nglirwakkên wêkas | yayi mas kongsi ngêmasi | sigra Pangeran | Silarong atur bêkti ||

33. inggih dene wong Mataram kang tumandang | wong Sampang kang mêjahi | kang sami katrêsnan | ing gustine palastra | marmane supe ing gusti | sarêng narajang | radèn rinêbut wani ||

34. wong Madura akathah longe kang pêjah | pun adipati mati | ya ta sri narendra | suka sajroning nala | ariningsun maksih cili | bela dipatya | mandaha wusa akir ||

35. angandika sang nata ing wadyanira |

--- 10 : 61 ---

adhi mas sun belani | anulya pinêrang | baunira sang nata | pasah ludira umijil | nata ngandika | wus lêga ati mami ||

36. ingkang layon jêng pangeran wus pinêtak | ing astana Magiri | dagane kang rama | pan kocap ing carita | sang nata adarbe ciri | gèthèk baunya | wawasi kang rumiyin ||

37. duk Pangeran Silarong mring Balambangan | amatèni wawasi | adarbe pratignya | arsa malês ing pêjah | yèn ana ratu Matawis | gèthèk baunya | surup ingsun ing benjing ||

64. Tumênggung Wiraguna campuh kalihan wadyabala Balambangan

38. ênêngêna Mataram ingkang kocapa | kang kesah anglurugi | marang Balambangan | Tumênggung Wiraguna | lampahira sampun prapti | tapêl watêsnya | Pasuruan abaris ||

39. sakathahe pra mantri pêpak sadaya | miwah môncanagari | Kyai Wiraguna | kang dadi senapatya | asmaradana panumping | Ki Danupaya | sami mantri panumping ||

40. linggihipun apan tunggal lan santana | pan kinon angêmbani | mring Pangeran Arywa | kinèn milu ngluruga | pan sampun atata baris | dyan kawarnaa | ing Balambangan nênggih ||

41. Balambangan pan sampun obah sadaya | wong Bali wus bantoni | pan sampun siyaga | sagêgamaning yuda | wus mêdal saking nagari |

--- 10 : 62 ---

ayun-ayunan | kalawan wong Matawis ||

42. Ki Tumênggung Wiraguna undhang-undhang | arsa angantêp jurit | ing dina Jumungah | sampun yitna sadaya | sampun praptèng têpis wiring | enjang kawarna | bêndhe munya tinitir ||

43. wong Mataran barise sampun tinata | miwah môncanagari | sampun tatan-tatan | myang wong ing Balambangan san |Lebih satu suku kata: myang wong ing Balambangan. pan sampun atata baris | kang dadi dhadha | tanggulanging wong Bali ||

44. pangiride awasta Lurah Yabana | kalawan Panjipati | pan sampun têngara | Tawangalun èngnèng. kana | Wiranagara nèng wuri | wong Balambangan | ingkang dadi têtindhih ||

45. wus têngara wong Bali lan Balambangan | miwah wadya Matawis | sampun atêngara | sigra têmpuh kang yuda | pangawat kanan lan kèri | abêbêdhilan | wong Bali akèh mati ||

46. Panjipati kalawan Lurah Yabana | pan arsa angawaki | nulya atêngara | sigra nulya narajang | wong Bali lan wong Matawis | têmpuhing yuda | lir udan sinamèni ||

47. sampun ilang tatane wong aprang jajar | tumbak bêdhil wus mati | arukêt kang yuda | rame pêdhang-pinêdhang | sawênèh agênti kêris | sêndhal-sinêndhal | anigas angakahi ||

48. lindhu awor riwutaning wong kabranan | kang waras anggulungi | maring ingkang pêjah | pêpati ting sulayah | lir pendah babadan pacing | tiyang kang pêjah | wangke susun atindhih ||

49. wong Mataram kalindhih ing

--- 10 : 63 ---

yudanira | dèn amuk ing wong Bali | anglir singalodra | galak tan olih môngsa | lir pendah banthèng akanin | kagila-gila | pangamuke wong Bali ||

50. wong Mataram tan môngga-môngga puliha | kang mara-mara mati | kang mundur kabranan | tatanira wus bubrah | môncanagara wus ngisis | Ki Wiraguna | awas dènnya ningali ||

51. yèn kang aprang angisis kathah kang pêjah | karsanira ngawaki | sigra atêngara | têtêg kaya butula | bêndhene tinitir-titir | para prawira | sadaya angawaki ||

52. sigra mangsah Ki Tumênggung Wiraguna | wong Mataram awêdi | kalamun mundura | lir macan atênaya | sadaya sami abali | angantêp yuda | ajrih mundur sajari ||

53. sigra ngamuk wong Jawa kagila-gila | wong Bali akèh mati | kinathahan lawan | dhasar dhingin wus sayah | dèn amuk kapati-pati | para prawira | ing Mataram ngawaki ||

54. pangamuke para prawira lir yêksa | liwung angobat-abit | angamuk anigas | anuduk kang amêdhang | angidêg sarwi ngakahi | wong Balambangan | akathah ingkang mati ||

55. wus kalindhih pêrange wong Balambangan | wong Mataram nyuraki | pan kadi ampuhan | lir karêngèng awiyat | kadi rubuha kang langit | suraking bala | bumi lwir gonjang-ganjing ||

56. Panjipati kalawan Lurah Yabana | wau sampun gumingsir | amiyarsa surak | kalangkung wirangira | wadana kadi sinêbit | sigra angangkat |

--- 10 : 64 ---

arsa angamuk malih ||

57. pan wong Bali watara ing kathahira | kalih bêlah kang kari | prasamya angucap | sêdhêng payo linawan | payo ajana gumingsir | sarwi aonclang | watang tumbak kumitir ||

58. wong Mataram uninga yèn binalenan | sigra para prajurit | umangsah sadaya | lwirna môncanagara | prasamya arêbut dhingin | anêmpuh yuda | kalawan ing wong Bali ||

59. Panjipati kalawan Lurah Yabana | pangamuke lir bêlis | ting barêkis samya | watangira dèn ikal | malêdug ingkang katangkis | putung akathah | nanging dipun kathahi ||

60. Kyai Rôngga atêmpuh lan wong bang wetan | mungsuhe Panjipati | anggêbang-ginêbang | nanging kantun aulah | wong Bali sampun umati | aulah bênthak | Ki Rôngga kasaliring ||

61. linarihan jajane Ki Rôngga pasah | aniba nuli mati | wong Mataram mulat | yèn Ki Rôngga wus pêjah | anulya Ki Panjipati | dèn êbyuk kathah | rinampog tan wigati ||

62. ginêbugan ing bêdhil lawan landheyan | gêgarès dèn pênthungi | dèn antêbi sela | pira ta kuwatira | wong siji dipun kathahi | rêmuk awaknya | pun Panjipati mati ||

63. sira Lurah Yabana sigra narajang | têmpuh padha sawiji | lan wong Pranaraga | awasta Citrayuda | adangu ukih-ingukih | Lurah Yabana | rosa dènira nangkis ||

64. Citrayuda arosa panumbakira | watang putung katangkis | sigra linarihan | dening [de...]

--- 10 : 65 ---

[...ning] Lurah Yabana | jajanya trus maring gigir | Ki Citrayuda | aniba nuli mati ||

65. Wirantanu uninga adhine pêjah | nrajang sarowangnèki | Ki Lurah Yabana | dèn byuk ing wong akathah | rinampog pating saluwir | arang karanjang | Lurah Yabana mati ||

66. sirna larut wong Bali akathah pêjah | wong Balambangan uning | yèn wong Bali têlas | nulya kabèh lumajar | pati-pati bêbêntusi | pating balêsar | rêbut urip pribadi ||

67. Tawangalun lumayu akêkadhalan | anulya dèn tututi | wus atinggal yuda | nusup ing galagahan | katuju ngidêk parêcil | mumbul anjola | dubilah aku mati ||

68. wong Blambangan samana sampun kelangan | dipatine satunggil | Ki Wiranagara | lumayu ngalor ngetan | palayune sipat kuping | mung bojonira | pinêlêng arsa ngili ||

69. wong Mataram prasamya sira bêbandhang | panganggene kang mati | kêris tulup pêdhang | prajurite kang pêjah | prasamya dipun bêciki | ingkang prayoga | jisim binêkta mulih ||

70. pan wong Bali Balambangan kinêthokan | ya ta kasaput wêngi | sami masanggrahan | sadalu parêmbugan | pan sami arsa mangungsir | mring kithanira | sampun lolos ing wêngi ||

71. Tawangalun kalawan Wiranagara | sami ngungsi mring Bali | Kyai Wiraguna | asru dènnya ngandika | angatag ing para mantri | ambêboyonga | poma ajana kari ||

72. wus lumampah samya bêboyong

--- 10 : 66 ---

sadaya | wong Balambangan ênting | sami kinarakad | cacahe kang ginawa | sèwu limang atus nênggih | sarupaningwang | cacah êndhas winilis ||

73. Ki Tumênggung Wiraguna wus miyarsa | warta saking Matawis | yèn Pangeran Arya | sampun seda ing rana | angamuk ing sri bupati | pun Pasingsingan | kang dadi setan bêlis ||

74. Ki Tumênggung Danupaya amiyarsa | langkung dènira tintrim | anulya karuna | sêsambate mlasarsa | dhuh pangeran gusti mami | sampun salaya | ingsun gawanên gusti ||

75. Ki Tumênggung Wiraguna ciptanira | yèn ingsun iki mulih | môngsa ta uripa | susunanku tan arsa | angawulakkên ing kami | nadyan matia | angur matia jurit ||

76. Ki Tumênggung Wiraguna rêrêmbugan | lawan mantri Matawis | lan môncanagara | karsane ambanjura | ambêdhah nagarèng Bali | wong Balambangan | ing Bali kang dèn ungsi ||

77. Tawangalun kalawan Wiranagara | padha ngungsi ing Bali | ginêcêk wasisan | nagri ing Balambangan | môngsa wande dados kardi | sampun mupakat | sakèh para bupati ||

78. bêboyongan tinêngga ing wong akathah | para mantri lit-alit | enjang kawarnaa | nulya nêmbang têngara | anulya bubar kang baris | karsane ika | ambanjur maring Bali ||

79. tan kawarna ing marga wus prapta sira | satêpining jaladri | ing sagara rupak | sami kandhêg sadaya | kewuhan tan olih margi | ing karsanira | akarya [a...]

--- 10 : 67 ---

[...karya] awot wêsi ||

80. pan alami nèng kono Ki Wiraguna | warnanên nagri Bali | wus miyarsa warta | yèn arsa ingunggahan | prasamya adandan baris | pinatah-patah | kang mêtu ing pasisir ||

81. wus lumampah wong Bali jaga nglautan | wastane kang angirid | pun Panji Arungan | sawadya sikêp ing prang | prayitna angati-ati | ênêngakêna | kocapa wong Matawis ||

82. ki tumênggung wau ingkang tinanggênah | nanging wong ing pasisir | jaga ing nglautan | lami dènira ngambang | wong Bali tan amiyosi | ya ta katingal | baita kathah prapti ||

83. Ki Tumênggung Mataram sampun uninga | wong Bali amêtoni | sigra atêngara | nulya dandan sadaya | layare wus dèn racuti | adhêdhayungan | sigra bêdhil-binêdhil ||

84. lan wong Bali pan sami sudiranira | karsane marêpêki | palwane ginêlak | dhayung kalawan satang | kinarutug dening bêdhil | kari dandanan | wong Bali akèh mati ||

85. pambêlahe kathah pêjah ing sanjata | mêksih sudira wani | Ki Panji Arungan | ngadêg têngahing palwa | pan maksih dipun bêdhili | dupi wus pêrak | lan palwa ing Matawis ||

86. salin bandhol arame batak-binatak | nèng têngahing jaladri | suraknya lir gêrah | ya ta wong Balambangan | kinarutug dening bêdhil | Panji Arungan | pambêlahe wus mati ||

87. dandanane pan sampun rêmpu sadaya | palwa tan kêna osik | pan katut ing

--- 10 : 68 ---

ombak | kinêpung palwa kathah | Arungan dipun bêdhili | kêna ing lela | êndhas kêna gumuling ||

88. sarêng pêjah Arungan êndhas tinigas | palwane dèn unggahi | wong Bali kwèh pêjah | kamuk dening wong Jawa | sami ambyur ing jaladri | ingkang agêsang | kawus tan ana wani ||

89. ênêngêna wong Bali ingkang kocapa | ingkang sami abaris | pinggiring samodra | Tumênggung Wiraguna | akarsa gawe wot wêsi | lama nèng kana | kaparag ing gêgêring ||

90. Ki Tumênggung Wiraguna nandhang gêrah | sangêt dènira sakit | pra mantri sadaya | sami arêrêmbagan | karsanira bubar mulih | sampun mupakat | nulya bêdhol kang baris ||

91. sigra bubar datan kawarna ing marga | ing Balambangan prapti | sakèh bêboyongan | kinèn andhinginêna | gêgaman lumakyèng wingking | Ki Wiraguna | sêmana amêmêling ||

92. lamun ingsun têka ing dina wêkasan | saênggon ingsun mati | aja sira bêkta | mulih maring Mataram | ngêndi ênggon ingsun mati | sira pêndhêma | apan tan pilih bumi ||

93. sun têtêdha ing Allah lan Rasullolah | aja mulih Matawis | pangrose tiningwang | sênadyan sun uripa | susunan ingsun Matawis | môngsa karsaa | ngawulakkên ing mami ||

94. lan sakèhe anak putuningsun benjang | yèn ingsun têkèng pati | têka pirabara | yèn dèn kawulakkêna | mring Sri Bupati Matawis | karana ngapa | padha ngasmarapati ||

83. Asmaradana

--- 10 : 69 ---

1. sadaya sami anangis | miyarsa wêwêkasira | lara-lara sêsambate | Ki Tumênggung Wiraguna | saya sangêt kang gêrah | manahe saya anglayung | sêdyane age matia ||

2. datan kawarna ing margi | prapta ing Kadhiri sira | sêmana amundhut loloh | wus ingunjuk lolohira | ri sampuning karasa | nulya seda ki tumênggung | tinangisan ing santana ||

3. kunarpa wus dèn bêciki | karsane santananira | layone ginawa mulèh | nanging sami acawêngah | dening wawêkasira | sigra aputusan mantuk | sampun ngaturi uninga ||

4. yèn Ki Wiraguna mati | Ki Tumênggung Danupaya | kalangkung sangêt sakite | Balambangan sampun bêdhah | sèwu kang bêboyongan | sigra aputusan sampun | lampahe asêsandêran ||

5. datan kawarna ing margi | wus prapta nagri Mataram | ya ta katur ing sang katong | saature kang utusan | purwa têkèng wasana | sri narendra langkung bêndu | anulya ngutus ing wadya ||

6. lah ta wong singanagari | martalulut lumampaha | papagêna ing lakune | Si Tumênggung Wiraguna | jisime dèn pêndhêma | yèn kapapag ing dêlanggung | sanak putune sadaya ||

7. kang sami mêksiha urip | iku padha patènana | putusan wus mentar kabèh | datan winarna ing marga | lampahe sampun prapta | sadaya sampun kapêthuk | anjujug ing pamondhokan ||

8. anak putune kapanggih |

--- 10 : 70 ---

sadaya wus sinudukan | pan kalih wêlas kathahe | sadaya wus sami pêjah | pinêtak anèng kana | asmaradana winuwus | ambabarakên gêgaman ||

9. Ki Danupaya mirsèki | jisime Ki Wiraguna | pinêndhêm anèng ênggone | anak putu pinêjahan | sadaya manahira | Danupaya pan anglampus | sangsaya sangêt kang gêrah ||

10. sigra amundhut jêjampi | Ki Tumênggung Danupaya | gêring kapiting larane | awor trêsna ing pangeran | sêmana wus palastra | mila atêmahan lampus | ki tumênggung nguntal upas ||

11. ki tumênggung wus ngêmasi | jisim pinêtak ing marga | tan kawarna ing lampahe | Tumênggung Asmaradana | praptèng Taji araryan | pan sampun awêling atur | nanging datan tinimbalan ||

12. wontên ing Taji alami | boyongan ing Balambangan | sêmana sampun angere | lami-lami ingandikan | Kyai Asmaradana | purwakanipun dinangu | nulya pinêjahan sira ||

65. Jurutaman dipun pêjahi, rahipun dados wisa. sang prabu mundhut tiyang èstri, anakipun dhalang gêdhog ingkang sampun emah-emah kalihan Ki Dalêm

13. datan winarna wus lami | sang nata madêg narendra | sampun angalih kadhaton | ing Palèrèd puranira | nagara Kartaradya | Mataram pamuwahipun | murah kang sarya tinumbas ||

14. ana kang winuwus malih | panakawan alit mila | sampun jinunjung lungguhe | Ki Ngabèi Wirapatra | kalangkung sihing nata |

--- 10 : 71 ---

kinarya pêpatihipun | amarentah wong Mataram ||

15. nênggih kang winarna malih | amangsuli kang carita | Pangran Silarong kandhane | kala jênêngira sultan | pangran kala sêmana | asaos kêmit ing dalu | rumêksa sajroning pura ||

16. kala sêmana nrêpati | akarsa angesahêna | dhatêng amêng-amêngane | kang nama pun Jurutaman | sirnaa sing Mataram | mila sangêt dukanipun | sultan dhatêng Jurutaman ||

17. dening dahat ngrêrusuhi | pakaryane mindha-mindha | sultan pinindha citrane | karya lêtuh wong jro pura | mila dhatêng kang duka | sultan ing tyas dahat gêmpung | ing dalu kala sêmana ||

18. Jurutaman dèn timbali | sapraptanira ing ngarsa | sigra tinalêmpak age | kaprajaya jajanira | pasah ludira muncar | sigra musna tan kadulu | Jurutaman sampun sirna ||

19. kangjêng sultan sigra angling | lah iku kang kêmit sapa | Pangran Silarong ature | inggih jêng sultan kawula | lingira kangjêng sultan | lah sira buwanga iku | gêtihe Si Jurutaman ||

20. sira buwanga ing kali | ayya nalutuhi jaman | iku yèn mêksih tabête | dadi jajêmbêring pura | pan iku luwih ala | wus ingalapan kang marus | ing siti wus kinêrukan ||

21. apan winadhahan takir | êrah kang tan mawi lêmah | kêkurugan ing sitine | sampun winadhahan liya | enjing arsa binucal | ing dalu datan winuwus | enjing sampun samya mêdal ||

22. prapta dalêmira enjing | pangran samana adhahar |

--- 10 : 72 ---

ingadhêp de sagawone | nyandhing rah ing takir ika | sêsampuning adhahar | pangran nulya ngêpêl sêkul | tinutulkên gêtih ika ||

23. inguncalakên ing anjing | kêbat panyaploking sona | kang anjing niba anglèsèd | pêjah tan kongsi apolah | karsane jêng pangeran | pinakan marus mring lêmbu | kang sona tan nyana pêjah ||

24. kinèn ambucala aglis | sona ambêdhêl wulunya | pinêksa binuwang age | Pangran Silarong garjita | kang êrah karsanira | jinantonan lisah tuhu | têmbe ana karyanira ||

25. jinanton lisah kalêntik | ing kalapa wilis ika | lisah sinimpên agatos | punika nênggih purwanya | tinundhung dosanira | winastan sagêd anêluh | ginriyakkên Waladana ||

26. apan ta sampun alami | gènnya dalêm Waladana | malah sampun pagêr banon | lami-lami sultan gêrah | langkung sangêt gêrahnya | Pangran Silarong agupuh | tinimbalan mring Mataram ||

27. sapraptanira Matawis | pêpak kang para santana | samya rudatin manahe | dening samya sih ing nata | tan antara sêmana | sultan puput jênêngipun | mantuk dhatêng rahmatullah ||

28. sasedane sang nrêpati | Pangran Silarong tan arsa | agya mantuk ing dalême | pan arsa angantosana | panjênêngane kang putra | dènnya gumantya sang prabu | mila tan agya mantuka ||

29. pan arsa tumut ngèstrèni | umadêgira kang putra | datan antara lamine | kang putra umadêg [u...]

--- 10 : 73 ---

[...madêg] nata | kalangkung asihira | pangeran jumênêngipun | dhatêng santana sadaya ||

30. nanging tan sakecèng galih | pangran tinilar kang putra | alama dènnya angantos | radine wadyèng Mataram | wus pitêdahing Suksma | Pangran Silarong kinèn wruh | wêwêlaning panjênêngan ||

31. pangamuke Radèn Alit | dhatêng ing raka narendra | malah pangran tumut kotoh | dènnya ngampingi sang nata | Pangran Alit pan seda | apan sedane angamuk | pêjah ing dhuwung priyôngga ||

32. ri sampuning mangkanèki | Pangran Silarong saksana | anulya tinundhung mulèh | maring desa Waladana | kawarnaa Mataram | sêdhênging pamuwahipun | nêgara kêrta raharja ||

33. mangkana winarna malih | Sri Naranata Mataram | ngandika ing santanane | akèn ngupados wanodya | ingkang luwih utama | ingkang ayu warnanipun | kinarya sêlir karsanya ||

34. pra santana tumulyaglis | sami nglampahi andika | nanging ingkang winiraos | sêmana Pangran Balitar | ingaturan ing wadya | yèn wontên dyah lêwih ayu | nanging wontên lakinira ||

35. wismanipun ing Matawis | nênggih pawèstri punika | anaking dhêdhalang gêdhog | awasta Kiyai Wayah | namane mantunira | kang adarbe bojo ayu | Kyai Dalêm wastanira ||

36. anulya pinundhut aglis | dhatêng Pangeran Balitar | ingaturakên sang katong | rabine Ki Dalêm ika | pan ambêkta wêtêngan |

--- 10 : 74 ---

kalih sasi laminipun | antuke Ki Dalêm ika ||

37. dupi katur ing nrêpati | pawèstri pan pinariksa | amêthuk ing karsa katong | wus pinarnah dalêm pura | apan kinarya garwa | langkung sihira sang prabu | sinung nama Ratu Wetan ||

38. saking sangêt sih nêrpati | sêmana jinajulukan | Ratu Malang jêjuluke | mila jêjuluk mangkana | dening sri naranata | supe garwane sadarum | amung dhatêng Ratu Wetan ||

39. sêsampunira alami | wawratan dhatêng sêmaya | ambabar jalêr putrane | sakalangkung sih sang nata | dhatêng ing putranira | miwah dhatêng garwanipun | sangsaya sangêt sihira ||

40. nanging tan antara lami | kalawan pambabarira | kang jalêr lami kagalèh | dhatêng ing sri naranata | kang aran Dalêm ika | sêmana dêduka dhawuh | Ki Dalêm wus pinêjahan ||

41. sapêjahe ingkang laki | kang aran Ki Dalêm ika | Ratu Wetan panangise | Ki Dalêm sinambat-sambat | Ki Dalêm lakiningwang | ingsun ora bisa kantun | alah antènana ingwang ||

42. apan ingsun ora lami | nuli anusul mring sira | ingsun antènana bae | sêmana datan antara | Ratu Wetan gya gêrah | mutah mising gêrahipun | tan alama nuli seda ||

43. sakathah wong dalêm puri | samana pan sinakitan | binêthekan ing kaputrèn | lan pinacuhakên ika | yèn ana awèh sêga | miwah ana awèh banyu | ngilokakên sadosanya ||

44. mila sami dèn [dè...]

--- 10 : 75 ---

[...n] sakiti | sakathah wong dalêm pura | dening ratu duk gêrahe | asambat dalêm sêmana | tampinira sang nata | wong dalêm sagawenipun | sedanira Ratu Wetan ||

45. sinarèkkên gunung Kêlir | Ratu Wetan layonira | sêmana sang nata supe | kacarita mung garwanya | kang tansah kaciptèng tyas | marmine tansah mring kubur | lan putra jalêr têtilar ||

46. punika tan kêna kari | mangkana dikaning nata | lah payo sira nak ingong | sun gawa saparaningwang | sira anaking dhudha | sapa ngiloni sirèku | tinilar ing biyangira ||

47. pra santana agêng alit | miwah punggawa sadaya | samya ngaturi sang katong | èngêta ing puranira | sang nata tan gumiwang | manahira maksih liwung | orêg kang wong sa-Mataram ||

48. orêg ing wong sanagari | punika dados wêwêla | panjênêngane sang katong | tan winarna laminira | sang nata tilar pura | têngga layon garwanipun | anèng gunung Kêlir ika ||

49. pan tan karsa dèn urugi | wau layone kang garwa | tansah sinawang citrane | sêmana dhatêng antara | owah sipating laywan | laywan kaèpi ing dalu | wangsit ing Suksma katingal ||

50. katingal garwanirèki | tumut ing lakining lama | Ki Dalêm ika wastane | sang nata kadya ginugah | kagyat ing tyas narendra | angandika asmu bêndu | lah uwis gya urugana ||

51. lah sira pasêka aglis | aywa angrawati karas | sigra ingurugan [ing...]

--- 10 : 76 ---

[...urugan] age | sang nata sira gya bubar | wus mantuk angadhatyan | apan binabadan sampun | naga sare tata janma ||Sengkalan: naga sare tata janma (1528 A.J.).

52. wus têntrêm wadyèng Matawis | alama datan winarna | kocapa Pangran Silarong | kang adalêm WaladagaWaladana. | kalangênane dara | mangkana ingkang winuwus | wontên ta kawulanira ||

53. ngingu dara ulês gambir | pinundhut dhatêng pangeran | tan pinaringan yatrane | amung pinaringan lisah | kang saking ing Mataram | lawase arsa linabuh | dèrèng marêngi mangsanya ||

54. sêmana nuju marêngi | pangeran amundhut dara | mila gya pinaringake | dhatêng kang aduwe dara | apan sampun winêkas | pakaryane lisahipun | asuka kang pinaringan ||

55. ya ta wontên wadya malih | angingu dara mêmêgan | anulya pinundhut malèh | pinaring arta tan arsa | nêdha pinaringana | kang kadya Ki Upasanglung | samia pakaryanira ||

56. nanging pangran tan maringi | kang kadya Ki Anglungupas | dening kang pinaringake | panawaning Anglungupas | lah iki tampanana | paring ingsun mring sirèku | panawaning Anglungupas ||

57. wis aja sumêlang ati | pakolèhe iki uga | apan iki lêwih akèh | têka ing Si Anglungupas | iki lah tamakêna | yèn ana wong kêna nganglung | tawanan ora tumama ||

58. dening namaning wadyèki | kang pinaringan panawa | Ki Citra ing Têgalampèl | de kang pinaringan lênga | Kawah araning lênga | Ki Anglungupas ranipun |

--- 10 : 77 ---

kalih pan sami lumampah ||

59. punika kandhane nguni | kala alame sêmana | yèn ana wong rêbut linggèh | miwah arêbut wicara | yèn kongsia kêrasa | akathah pêjah dèn anglung | kyèh waras dening Ki Citra ||

60. wus korak ing sanagari | ucaping wong duk samana | mring Ki Citra Têgalampèl | kagawa ing pagawenya | aran Ki Citratawa | kaloka kalamun ampuh | nawa wong kaanglung ika ||

61. sok si kacandhaka ugi | mring panawane Ki Citra | mèh kayaa mêsthèkake | waluyane wong kalênga | waras padha sêkala | sêmana sampun misuwur | tanah Pajang Waladana ||

62. patine têtiyang alit | kathah kaanglung kalênga | tan kêna rêbut wiraos | datan antara pêjahnya | undhak-undhaking loka | kataragnyana katêluh | patine wong kang punika ||

63. saking lêpasing pawarti | wus korak wong sa-Mataram | wus katur dhatêng sang kawongkatong. | yèn wadyalit kathah pêjah | ing Pajang Waladana | mangkana ing pêjahipun | langkung duka sri narendra ||

64. apan wus kinèn naliti | ajale ana mangkana | sapa ta baya uwite | iku titikên dèn nyata | pan katur yèn kang paman | Silarong aliron manuk | witipun akarya waran ||

65. apan wus tan kêna gingsir | pratignyanira Ki Ajar | inguni kala pinatèn | mring Pangran Silarong ika | kala prang Balambangan | milane dukaning prabu | sangsaya-saya kagagas ||

--- 10 : 78 ---

66. kèngêtan dosane nguni | kang paman duk nèng Mataram | marmane winêdalake | saking nagari Mataram | wisma ing Waladana | pan puniku dosanipun | mila dhatêng duka nata ||

67. sêmana wus dèn timbali | kang paman dhatêng Mataram | sipêng sadalu lamine | enjing ingatag mantuka | wong gandhèk ngiringêna | pangandikaning sang prabu | hèh wong gandhèk wêkas ingwang ||

68. yèn wus prapta jabèng Taji | lah wong gandhèk lakunira | mêtua Kuwêl dèn akeage. | iku ta dèn kalampahan | gandhèk pamêkas ingwang | sigra wong gandhèk wotsantuwotsantun. | wus bubar saking ngajêngan ||

69. wus prapta jawining Taji | wong gandhèk ing lampahira | mêdal ing Kuwêl sêdyane | sang nata dangu angantya | wus kinèn amariksa | katur dhatêng sang aprabu | yèn mêdal ing Kuwêl ika ||

70. sangêt dukaning narpati | asru dènira ngandika | mring abdi Martalulute | lawan wong Singanagara | age sira susula | pan Silarong ulihipun | iya sagone kacandhak ||

71. ayya sira kongsi angling | nuli sira uwisana | Martalulut tur sêmbahe | kalawan Singanagara | lampahe gêgancangan | kacandhak desa ing Biru | pangran sampun tinêlasan ||

72. pinêtak ing gunung Wujil | datan alama sêmana | lagya nêm sasi lamine | ingalih dhatêng Mataram | pinêtak ing Bacingah | apan binabadan sampun | wong sêsanga prang pratala ||Sengkalan: wong sêsanga prang pratala (1591 A.J.).

Lajêng nyandhak jilid: 11.

--- 10 : [0] ---

Isinipun

60. Pangeran Silarong kadhawuhan nêlukakên Balambangan. (Durma). ... kaca 16

61. Sinuhun Sultan Agung pêpanggihan kalihan Ratu Kidul. (Mijil, Kinanthi). ... kaca 26

62. Sultan Agung seda, dipun gêntosi putra Pangeran Arya Mataram, ajêjuluk Sunan Mangkurat. (Kinanthi, Dhandhanggula). ... kaca 37

63. Pangeran Alit, rayi Sinuhun Mangkurat ambalela, tiwas ing Prang. (Dhandhanggula, Durma). ... kaca 44

64. Tumênggung Wiraguna campuh kalihan wadya Balambangan. (Durma, Asmaradana). ... kaca 61

65. Jurutaman dipun pêjahi, rahipun dados wisa. Sang Prabu mundhut tiyang èstri, anakipun dhalang gêdhog ingkang sampun emah-emah kalihan Ki Dalêm. (Asmaradana). ... kaca 72

--- 10 : [0] ---

...