Sastra Jawa

Program Digitalisasi Sastra Daerah

  • Increase font size
  • Default font size
  • Decrease font size

Babad Tanah Jawi, Balai Pustaka, 1939-41, #1024 (Jilid 13)

Katalog:Babad Tanah Jawi, Balai Pustaka, 1939-41, #1024
Sambung:
1.Babad Tanah Jawi, Balai Pustaka, 1939-41, #1024 (Jilid 01). Kisah, Cerita dan Kronikal | Babad Tanah Jawi #1010.
2.Babad Tanah Jawi, Balai Pustaka, 1939-41, #1024 (Jilid 02). Kisah, Cerita dan Kronikal | Babad Tanah Jawi #1011.
3.Babad Tanah Jawi, Balai Pustaka, 1939-41, #1024 (Jilid 03). Kisah, Cerita dan Kronikal | Babad Tanah Jawi #1012.
4.Babad Tanah Jawi, Balai Pustaka, 1939-41, #1024 (Jilid 04). Kisah, Cerita dan Kronikal | Babad Tanah Jawi #1013.
5.Babad Tanah Jawi, Balai Pustaka, 1939-41, #1024 (Jilid 05). Kisah, Cerita dan Kronikal | Babad Tanah Jawi #1014.
6.Babad Tanah Jawi, Balai Pustaka, 1939-41, #1024 (Jilid 06). Kisah, Cerita dan Kronikal | Babad Tanah Jawi #1015.
7.Babad Tanah Jawi, Balai Pustaka, 1939-41, #1024 (Jilid 07). Kisah, Cerita dan Kronikal | Babad Tanah Jawi #1016.
8.Babad Tanah Jawi, Balai Pustaka, 1939-41, #1024 (Jilid 08). Kisah, Cerita dan Kronikal | Babad Tanah Jawi #1017.
9.Babad Tanah Jawi, Balai Pustaka, 1939-41, #1024 (Jilid 09). Kisah, Cerita dan Kronikal | Babad Tanah Jawi #1018.
10.Babad Tanah Jawi, Balai Pustaka, 1939-41, #1024 (Jilid 10). Kisah, Cerita dan Kronikal | Babad Tanah Jawi #1019.
11.Babad Tanah Jawi, Balai Pustaka, 1939-41, #1024 (Jilid 11). Kisah, Cerita dan Kronikal | Babad Tanah Jawi #1020.
12.Babad Tanah Jawi, Balai Pustaka, 1939-41, #1024 (Jilid 12). Kisah, Cerita dan Kronikal | Babad Tanah Jawi #1021.
13.Babad Tanah Jawi, Balai Pustaka, 1939-41, #1024 (Jilid 13). Kisah, Cerita dan Kronikal | Babad Tanah Jawi #1022.
14.Babad Tanah Jawi, Balai Pustaka, 1939-41, #1024 (Jilid 14). Kisah, Cerita dan Kronikal | Babad Tanah Jawi #1023.
15.Babad Tanah Jawi, Balai Pustaka, 1939-41, #1024 (Jilid 15). Kisah, Cerita dan Kronikal | Babad Tanah Jawi #1024.
16.Babad Tanah Jawi, Balai Pustaka, 1939-41, #1024 (Jilid 16). Kisah, Cerita dan Kronikal | Babad Tanah Jawi #1025.
17.Babad Tanah Jawi, Balai Pustaka, 1939-41, #1024 (Jilid 17). Kisah, Cerita dan Kronikal | Babad Tanah Jawi #1026.
18.Babad Tanah Jawi, Balai Pustaka, 1939-41, #1024 (Jilid 18). Kisah, Cerita dan Kronikal | Babad Tanah Jawi #1027.
19.Babad Tanah Jawi, Balai Pustaka, 1939-41, #1024 (Jilid 19). Kisah, Cerita dan Kronikal | Babad Tanah Jawi #1028.
20.Babad Tanah Jawi, Balai Pustaka, 1939-41, #1024 (Jilid 20). Kisah, Cerita dan Kronikal | Babad Tanah Jawi #1029.
21.Babad Tanah Jawi, Balai Pustaka, 1939-41, #1024 (Jilid 21). Kisah, Cerita dan Kronikal | Babad Tanah Jawi #1030.
22.Babad Tanah Jawi, Balai Pustaka, 1939-41, #1024 (Jilid 22). Kisah, Cerita dan Kronikal | Babad Tanah Jawi #1031.
23.Babad Tanah Jawi, Balai Pustaka, 1939-41, #1024 (Jilid 23). Kisah, Cerita dan Kronikal | Babad Tanah Jawi #1032.
24.Babad Tanah Jawi, Balai Pustaka, 1939-41, #1024 (Jilid 24). Kisah, Cerita dan Kronikal | Babad Tanah Jawi #1033.
25.Babad Tanah Jawi, Balai Pustaka, 1939-41, #1024 (Jilid 25). Kisah, Cerita dan Kronikal | Babad Tanah Jawi #1034.
26.Babad Tanah Jawi, Balai Pustaka, 1939-41, #1024 (Jilid 26). Kisah, Cerita dan Kronikal | Babad Tanah Jawi #1035.
27.Babad Tanah Jawi, Balai Pustaka, 1939-41, #1024 (Jilid 27). Kisah, Cerita dan Kronikal | Babad Tanah Jawi #1036.
28.Babad Tanah Jawi, Balai Pustaka, 1939-41, #1024 (Jilid 28). Kisah, Cerita dan Kronikal | Babad Tanah Jawi #1037.
29.Babad Tanah Jawi, Balai Pustaka, 1939-41, #1024 (Jilid 29). Kisah, Cerita dan Kronikal | Babad Tanah Jawi #1038.
30.Babad Tanah Jawi, Balai Pustaka, 1939-41, #1024 (Jilid 30). Kisah, Cerita dan Kronikal | Babad Tanah Jawi #1039.
31.Babad Tanah Jawi, Balai Pustaka, 1939-41, #1024 (Jilid 31). Kisah, Cerita dan Kronikal | Babad Tanah Jawi #1040.

--- 13 : [0] ---

[Serie No. 1289l]

Babad Tanah Jawi

Jilid: 13

Kacêpêngipun Trunajaya tuwin madêgipun nagari Kartasura

Bale Pustaka - Batawi Sèntrêm - 1940

--- 13 : [1] ---

...

--- 13 : [2] ---

Wêwênangipun ingkang ngarang kaayoman miturut anggêr ingkang kapacak ing Sêtatsêblad 1912 No. 600

--- 13 : [3] ---

Sinuhun Amangkurat têdhak dhatêng Japara

18. sampun ingagêm nèng asta | Martapura tan antara nglarihi | kêbat Martalaya nuduk | nuduk-sinuduk sira | wong kêkalih apan sarêng pêjahipun | inggih Martalaya pêjah | Martapura angêmasi ||

19. rencange Ki Martalaya | kang ingaran wong Barêng tandang uni | apan ta sarêng angamuk | wong Japara prayitna | anadhahi wèngwong. Têgal pangamukipun | Ki Wiradipa kabranan | kamuk dening wong Têtêgil ||

20. sampun katur ing sang nata | lamun sira Ki Martapura mati | kalih Martalaya lampus | pan sampyuh pêjahira | Wiradipa samana anandhang tatu | langkung gêgêtun sang nata | mangkana ingkang winarni ||

21. wau sira Tuwan Amral | Hèldhuwèldhèh kinon mangkat tumuli | dènira arsa anglurug | dhatêng ing Surabaya | wus binagi-bagi wau kang wadyagung | wong Walônda kang binêkta | miwah kang kantun ing wingking ||

22. sapalihe kang binêkta | wontên dene ingkang kantun sapalih | anjagi dhatêng sang prabu | miwah bala Makasar | pan pinalih samana ing pandumipun | sapalih tumut ing Amral | sapalih jagèng narpati ||

23. dene wau kang tinilar | Kraêng Naba anjaga ing Narpati | Kraêng Madhangdhrang kang tumut | nglurug mring Tuwan Amral | dene ingkang dados pangiriding laku | Ki Tumênggung Hônggajaya | ingkang saking ing

--- 13 : 4 ---

Matawis ||

24. kalawan Ki Hônggawôngsa | kanthinira sigra bubar tumuli | mêdal laut lampahipun | jajahan Surabaya | datan samar Hônggawôngsa kang pakewuh | mila lampahing gêgaman | tan alami nèng jaladri ||

25. sampun mudhun saking kapal | Tuwan Amral sabalanira Kumpêni |Lebih satu suku kata: Tuwan Amral sabalanira Kumpni. minggah ing dharatan sampun | nulya amasanggrahan | Ngampèldênta kang dinamêl pakukuwun | sampun kubêng bitingira | saha mawi balowarti ||

26. kocapa mêngsah Madura | ingkang baris wontên ing Surabanggi | sarêng wruh Walônda rawuh | baris ing Ampèldênta | wong Madura sigra binantonan sampun | Darmayuda Pasêdhahan | kang binantokakên nguni ||

27. lan Kraèng Galèngsong sira | kang binantokakên mring Surabanggi | wus sami bêbiting wau | apan ajêng-ajêngan | lawan barising Kumpani mêngsahipun | wus sami ngrakit gêgaman | mariyêm ngubêngi biting ||

28. mariyême wong Madura | kang inganggo apan Nyai Satomi | wus sami prayatnanipunprayitnanipun. | kalanipun samana | Hônggawôngsa ing dalu apan mêmandung | mring bitinge wong Madura | Ni Satomi dèn pandungi ||

29. lêbête mring pamondhokan | Hônggawôngsa datan wontên udani | sadaya sami aturu | sakèhe wong Madura | tan antara Nyai Satomi pinikul | mring sira Ki Hônggawôngsa | apan pinikul pribadi ||

30. lajêng binêkta umêdal |

--- 13 : 5 ---

saking pabitingan Maduntên mangkin | ya ta lampahnya wus mantuk | sira Ki Hônggawôngsa | sigra prapta ing pamondhokanirèku | lajêng sowan Hônggawôngsa | mring Amral atur upaksi ||

31. mangkana ing aturira | inggih tuwan kula ngaturi uning | yèn lampah kawula dalu | mariyêm wus kabêkta | wastanipun Nyai Satomi puniku | langkung suka Tuwan Amral | nulya undhang ing wadyalit ||

32. hèh sakèhing wong Walônda | myang Makasar dèn padha ngati-ati | iya mêngko bêdhug têlu | lan padha binêdhilan | ginarudug ajana mariyêm nganggur | iya mungsuh iki uga | aja ana dèn anggopi ||

33. dupi dhumatêng samaya | wayah bêdhug tiga sarêng nulêdi | kêstabêl mariyêmipun | swara lwir gunung rêbah | miwah ingkang sênapan munya kumêrug | sapakantuking sanapan | saha tambure tinitir ||

34. samana tanpa parungwan | jroning biting sadaya tan kênangling | saking tan bisa ngrêrungu | lyan swaraning sanjata | mung swaraning bêdhil mêpêti pangrungu | mapan datan inganggopan | bêdhug tiga kongsi enjing ||

35. malah kongsi têkèng awan | tinahan-tahankên tan kawawi |Kurang satu suku kata: tinahan-tahankên datan kawawi. dene mimis kadi jawuh | tiba mring wong Madura | dadya kabèh wong Madura gya lumayu | sêdyane arêbut gêsang | datan ketang agêng alit ||

36. wau ta Ki Darmayuda | pan lumayu Krèng Galèngsong tan kari | nanging ta palayunipun | sira Ki Darmayuda | apan lajêng mring

--- 13 : 6 ---

Kadhiri sêdyanipun | Krèng Galèngsong palajêngnya | rangu-rangu wontên wingking ||

37. nanging kalane samana | Krèng Galèngsong apan sira kapanggih | lan Pangran Tumapêl wau | ya ta pangran angucap | mring Galèngsong mangkana pangucapipun | lah adhi Galèngsong nêdha | ngawula tunggal lan mami ||

78. Sinuhun Amangkurat têdhak dhatêng Kadhiri badhe nyêpêng Trunajaya

38. angabdi rajèng Mataram | nanging Kraèng Galèngsong èwêd kang galih |Lebih satu suku kata: nanging Krèng Galèngsong èwêd kang galih. samana ingkang winuwus | Jêng Susunan Mangkurat | nèng Japara kang para garwa wus rawuh | kang saking nagri Têtêgal | kawarnaa sri bupati ||

39. bubar saking ing Japara | sri narendra sumêdya mring Kadhiri | mêdal dharat lampahipun | ing Pathi masanggrahan | mung sadalu enjing bibar sang aprabu | samarga-marga ayuda | lan mêngsah Madura nguni ||

40. datan kandhêg lampahira | sri narendra wus prapta ing Kadhiri | sampun masanggrahan wau | saêlèring bangawan | pan ing Singkal wau wastane kang dhusun | kang kinarya pasanggrahan | dhatêng sang sri narapati ||

41. kang dadya rêmbêning lampah | dening Patih Môndaraka asakit | apan sangêt sakitipun | wau wontên kocapa | kang anama Panêmbahan Gunung Kêlud | arsa mangsah ing ayuda | ingaran Puthut Cacantrik ||

42. awatawis kawan dasa | kathahipun pêputhut cantrik ngiring | miwah wong Madura wau | kathah ngiring ki ajar | datan kandhêg lampahipun sami purun | sigra anabrang bangawan | palabuhan [pa...]

--- 13 : 7 ---

[...labuhan] wus kawingking ||

43. datan ambêkta gêgaman | sabature ki ajar ingkang prapti | tan amawi waos dhuwung | mung mara karo tangan | sarêng wau katingal samya anêmpuh | mring barise Adipatya | Urawan kang anadhahi ||

44. miwah wau barisira | Adipati Mangunonêng ing Pathi | ika kang sami tinêmpuh | samana tinadhahan | pan arame sinosog tumbak lan ganjur | ki ajar pan sampun pêjah | sabature tan ngundhili ||

45. apan wus tumpês sadaya | sabature ajar tan ana kari | wong Madura sampun mawut | tanna kari satunggal | ri sampuning mangkana ingkang winuwus | Ki Apatih Môndaraka | sakite saya nglayadi ||

46. sangsaya sangêt sakitnya | lajêng pêjah samana ki apatih | Môndaraka duk ing ngriku | wau Kangjêng Susunan | Amangkurat kalangkung prihatinipun | miwah têtiyang Mataram | sadaya samya prihatin ||

47. miwah balane sadaya | wong Mataram kang anèng Surabanggi | sami tinimbalan sampun | kalawan Tuwan Amral | lan Pangeran Tumapêl pan datan kantun | miwah ta Ki Hônggawôngsa | sadaya pan sampun prapti ||

48. wus sami prapta ing Singkal | lajêng manjing ing pasanggrahan aglis | wus sami marêk sang prabu | sapraptaning ngajêngan | Tuwan Amral umatur dhatêng sang prabu | yèn nagari Surabaya | ing mangke sampun aradin ||

49. Nyai Satomi kapêndhak | anèng pabarisan Maduntên nguni |

--- 13 : 8 ---

nuntên pinandungan wau | dhatêng pun Hônggawôngsa | angandika wau sira sang aprabu | Hônggawôngsa sun tarima | sihira marang ing kami ||

50. sang nata malih ngandika | mring sakèhe punggawa para mantri | lah padha èstokna iku | mêngko parentah ingwang | ing sapatine Si Môndaraka iku | iya Si Anrangkusuma | ingkang sun karya pêpatih ||

51. iku ta anggêntènana | ing Si Môndaraka barang karyèki | lah sakèhe mantriningsun | padha angèstokêna | atur sêmbah sakathahing punggawagung | sinuhun inggih sadaya | jumurung karsa sang aji ||

52. ya ta ngandika sang nata | lan maninge Si Hônggawôngsa mangkin | sun yêktèni ujaringsun | ingsun srahi nagara | ya ing Surabaya tampanana iku | Hônggawôngsa atur sêmbah | sih padukaji kapundhi ||

53. sasampunira sang nata | pêparentah dhatêng punggawa mantri | yèn Radèn Nrangkusumèku | papatihe sang nata | sami enggar manahe wadyalit agung | miwah kang para prawira | tan ana mundur ing jurit ||

103. Durma

1. kawarnaa ing wau Ki Darmayuda | yatna matur ing gusti | ngaturi uninga | mring Radèn Trunajaya | yèn Kraèng Galèngsong mangkin | mirong manahnya | tan wande makèwêdi ||

2. Radèn Trunajaya kagyat manahira | sakêdhap tan kênangling | myarsa aturira | wau Ki Darmayuda | yèn Kraèng Galèngsong mangkin | mirong manahnya | radèn wêkasan angling ||

3. asmu duka rahadèn [raha...]

--- 13 : 9 ---

[...dèn] dènnya ngandika | yèn mangkono dèn aglis | sira timbalana | Si Galèngsong dèn enggal | ingsun akarsa udani | apa rupanya | dene angapirani ||

4. wus lumampah kang kinon nimbali sira | Kraèng Galèngsong mangking | kapapag ing marga | ngenggalakên lampahnya | tan antara sampun prapti | ing pamondhokan | lajêng lampahirèki ||

5. malêbêt mring pondhoke Dyan Trunajaya | sapraptanira mangkin | wus kinèn nyêkêla | lajêng ginodhi sigra | ngandika Trunajayaglis | lah sudukana | tumandang kang sinung ling ||

6. Galèngsong wus sinudukan lajêng pêjah | sinumur ponang jisim | nèng jro pamondhokan | tan ana kang uninga | têtiyang Makasar nênggih | lamun gustinya | ing mêngko wus ngêmasi ||

7. kawarnaa ing wau Kangjêng Susunan | Mangkurat ngandikaris | marang Tuwan Amral | hèh Amral alah mara | payo mangsah ing ajurit | aja alama | panganggure wong cilik ||

8. aturira Tuwan Amral mring susunan | gusti rajèng Matawis | tan kenging anabrang | wadyabala sadaya | yèn tan sinasakan dhingin | lêng sinasakan | yèn sambada sang aji ||

9. angandika susunan lah iya Amral | apa karêpirèki | ingsun têka narah | lah mara wong Mataram | padha tumandanga aglis | lah sasakana | iya bangawan iki ||

10. gya tumandang sagunging wadya Mataram | bangawan dèn sasaki | datan dangu dadya |

--- 13 : 10 ---

sasak langkung akêkah | sasampuning sasak dadi | wadya Mataram | sigra atata baris ||

11. kawarnaa wau Radèn Trunajaya | sampun ngaturan uning | lamun kang bangawan | ing mangke sinasakan | dening têtiyang Matawis | sira rahadyan | kagyat bramatyèngbramantyèng (dan di tempat lain). ati ||

12. sigra dènnya angrasuk kaprajuritan | nyamping samboja abrit | sinongkèt toya mas | paningsêt cindhe kêmbang | rasukan baludru wilis | apan rêrendan | dhêstharipun cawêni ||

13. alancingan panji-panji tur rêrendan | dhasar baludru wilis | sampuning busana | dhuwung sampun nyuriga | pan sarwi anyothe cundrik | wau rahadyan | karsanya gya miyosi ||

14. têngraning prang wau tan pêgat tinêmbang | bêndhe tinitir-titir | wadyabalanira | wus samêkta ing yuda | datan ana ingkang lali | sêsikêpira | kang bêdhil sikêp bêdhil ||

15. ingkang tumbak apan wus asikêp tumbak | miwah kang tulup lêmbing | wus sami samêkta | aglar kang ponang wadya | malatar jawining kori | nèng pasanggrahan | ngantos prentahing gusti ||

16. sigra mêdal sira Radèn Trunajaya | saking dalêmirèki | ingiring pra garwa | samya asêmu waspa | pan sami wangsul ing kori | kang para garwa | prajurit anampani ||

17. kang rumêksa ing lampahira rahadyan | kang munggwing kanan keri | pan wong pêpilihan | kathahe wolung dasa | punika tan kêna têbih | wong dulangmangap | ingangkah barêng mati ||

18. tate titir

--- 13 : 11 ---

pinurugakên ing awrat | tan ajrih tumbak bêdhil | karane ingangkah | santana tunggal yayah | mring Radèn Trunajayadi | dyan kawarnaa | bala kang andhingini ||

19. sampun pagut atarap pinggir bangawan | kang wingking anusuli | Radèn Trunajaya | wus munggèng ing wahana | anèng samadyaning baris | pinggir bangawan | sêsumbar dènirangling ||

20. hèh ta wong Mataram payo lah têkakna | ing sabudinirèki | gonmu gawe sasak | balungmu wuwuhêna | wadyaningsun wong Kadhiri | wulu salômba | pan ora nêdya gigrig ||

21. lan maninge gustimu môngsa padhaa | lan têdhak Jran Panolih | watêk Jêng Susunan | Amangkurat punika | ratu kaduk ing kawanin | dupi miyarsa | ature ingkang abdi ||

22. yèn pun Trunajaya asangêt sêsumbar | angasorkên narpati | langkung dukanira | wau kangjêng susunan | sigra nêmbang têngaraglis | bêndhe angangkang | orêg kang wadya alit ||

23. jêng susunan sampun angrasuk busana | sakapraboning jurit | saha babarkatan | wus rinasuk sadaya | Ki Bicak tan kêna têbih | waos barkatan | Ki Baru wus ingampil ||

24. wadyabala samya angrêgut sadaya | ngantos wiyosing gusti | pan datan antara | miyos sri naranata | saking pasanggrahan aglis | mangsah ing rana | praptèng pinggir banawi ||

25. wus ajêng-ajêngan lan mêngsah Madura | wau tiyang Matawis | tandange lir singa | kalane wruh ing môngsa | pating bilulung ngulari |

--- 13 : 12 ---

margi adhakan | kang kêna dèn sabrangi ||

26. nanging datan antuk marga lyaning sasak | wau tiyang Matawis | dadya tang-tinantang | lawan tiyang Madura | nanging dèrèng wontên wani | yèn anabranga | nganti prentahing gusti ||

27. dadya Radèn Trunajaya asêsumbar | asru dènira angling | wis bobote uga | iya têdhak Mataram | lan têdhak Jaran Panolih | mêngko pucuknya | yèn iyaa ing jurit ||

28. dhihin duk bongkote nora angapaa | sapamyarsanirèki | Jêng Sunan Mangkurat | ing sêsumbar mangkana | sumbare Trunajayèki | sigra sang nata | nyandhak Ki Bicak aglis ||

29. dyan tinêmbang Ki Bicak munya angangkang | sampun Ki Bicak muni | saksana sang nata | ngasta waos wasiyat | Kyai Baru wus tinarik | ing karsanira | sang nata angawaki ||

30. pra punggawa samya anangis sadaya | sarwi nyandhak kandhali- | ning kapal sang nata | Tumênggung Suranata | samana matur narpati | sarwi karuna | dhuh gusti kang pinundhi ||

31. abdi dalêm sadayatur pêjah gêsang | kenging tan kenging gusti | sampun sri narendra | angawaki ing yuda | lamun dèrèng anêmahi | tumpês sadaya | punggawa ing Matawis ||

32. dene yèn wus tumpês sapunggawa tuwan | datan uningèng wingking | langkung karsa nata | kèndêl kangjêng susunan | mirsa ature kang abdi | sigra umangsah | sagung para dipati ||

33. nuju pèrès samana ingkang bangawan | sakèh para dipati |

--- 13 : 13 ---

dhatêngkên suranya | sarêng gêbyur sadaya | praptaning madyèng banawi | tiyang Walônda | ambêdhili sing wingking ||

34. agya wangsul Ki Tumênggung Suranata | Amral kang dèn parani | ya ta Tuwan Amral | cinandhak tanganira | Suranata bramatyangling | hèh Amral sira | apa karêpirèki ||

35. dene ingsun aprang mêngko têka sira | ambêdhili sing wingking | aja tanggung sira | dadia mungsuh pisan | wasisan ingsun tadhahi | saure Amral | lah tuwan sampun runtik ||

36. sakalangkung kawula nêdha apura | dening dahat asisip | ing polah kawula | dene sêdya kawula | mungsuh kang kula bêdhili | tiyang Madura | punika kang kabêdhil ||

37. sigra wangsul Ki Tumênggung Suranata | gêbyur banawi malih | sarêng tandangira | lawan para dipatya | sêdya angungkih ing jurit | sapraptanira | ing pinggir dèn tadhahi ||

38. pan sinosog dening têtiyang Madura | ing ganjur lawan lêmbing | saha binêdhilan | pra punggawa Mataram | pangamuke saya ngungkih | tiyang Madura | tan anggop ambêdhili ||

39. ramening prang kadya ombak nêmpuh karang | swaraning bêdhil muni | lwir gunturing arga | mimis tiba lir udan | nanging Bupati Matawis | pangamukira | tan ana ingkang busik ||

40. lir parada mimis tumiba ing jaja | dinulu wuwuh asri | punggawa Mataram | pangamuke amêksa | wong Madura datan gingsir | mêksa apanggah | dadya tan kêna kongkih ||

41. awasana [awa...]

--- 13 : 14 ---

[...sana] tan wontên sagêd anabrang | pra punggawa Matawis | dupi katingalan | dening kangjêng susunan | yèn sagung para bupati | tan kêna nabrang | sigra sri narapati ||

42. wus angagêm waos wasiyat kang nama | Kyai Baru tinarik | saksana anabrang | sang nata tan antara | asat kang ponang banawi | kangjêng susunan | lajêng dènnya lumaris ||

43. duk samana sakèhing para dipatya | munggwing ngarsaning gusti | wus samyambêg pêjah | tan asêdya gumiwang | lampahe rampak atitih | prapta ing sabrang | wong Madura tan gingsir ||

44. pan atangguh sami sudira ing rana | datan rênggang palinggih- | ira munggwing papan | têpining palabuhan | pan samya angantêp wani | tiyang Madura | wus tan etang ing pati ||

45. pra dipati Mataram datan antara | sarêng nêmpuh ing jurit | tan ana tinaha | sarêng pangamukira | wong Madura anadhahi | swaraning aprang | tan ana ngucap ajrih ||

46. ramening prang bêdhil wus tanpa gawea | mung kari tumbak kêris | têmpuhing ayuda | rame silih prakosa | tinumbak kang kasaliring | tiyang Madura | tinumbak tan apilih ||

47. wong Mataram yèn kasaliring tinumbak | nanging tanpolih busik | sangsaya sudira | tandange wong Mataram | putung watangnya angêris | suraking wadya | kadi karêngèng langit ||

48. ingkang aprang pating barêkuh kewala | swaraning silih jodhi | ting grêpêg kumêprak | watang putung kabênthak |

--- 13 : 15 ---

kang putung watangnya ngêris | tiyang Madura | wong Mataram tan kongkih ||

49. wong Mataram akèh tan tumamèng braja | wadya tan ana busik | Bupati Mataram | tinumbak wong Madura | yèn amalês amranani | panumbakira | numbak jaja trus gigir ||

50. ramening prang nuju têmpuh padha sura | sami timbuling wêsi | watang sarêng pupak | kêris-kinêris samya | kêris tan ana ngêrosi | gêlut kewala | rame banting-binanting ||

51. pan kasêlak rowange akathah pêjah | angrasa wêdi mati | wus miris manahnya | aningali ing rowang | wong Madura akèh mati | sigra lumajar | tan anolih ing wuri ||

52. wong Madura sampun akathah kang pêjah | panggah mêksa katitih | dening wong Mataram | pangamuke lwir yaksa | anon daging ngigit-igit | wadya Madura | wus tan kawawa pulih ||

53. kang apanggah wus têlas atêtumpêsan | bubar larut kang kari | Radèn Trunajaya | sigra wau lumajar | ngungsi kutha ing Kadhiri | manjing kadhatyan | linud de wong Matawis ||

54. kêbatira wau Radèn Trunajaya | gya akèn inêb kori | lajêng tinuguran | dene ingkang ingatag | tinanggênah têngga kori | pun Darmayuda | ing Pasêdhahan wani ||

55. wong Mataram angungsêd arêbat lawang | rame ungkih-ingungkih | pan ora darana | Tumênggung Mangkuyuda | anglancangi sigra prapti | ngarsaning lawang | jinêjak ponang kori ||

56. pan rêmuk kori ing Kadhiri jinêjak | Mangkuyuda kaaksi |

--- 13 : 16 ---

saksana tinumbak | dhatêng Ki Darmayuda | kêna jajane trus gigir | Ki Mangkuyuda | sigra malês nglarihi ||

57. Darmayuda kang winalês linarihan | tinumbak ingkang kêni | gêgurunge pêgat | ya ta sarêng aniba | kalih parêng angêmasi | Ki Mangkuyuda | pêjah jawining kori ||

58. Darmayuda pêjah salêbêting lawang | gègère tan sinipi | sadalêming kutha | pêjahe Darmayuda | anglir gabah dèn intêri | kang rêbat marga | sêdyane ngungsi urip ||

59. Radèn Trunajaya wus lumajêng sira | lan sagraha tan kari | mêtwèng bêbutulan | tan kandhêg lampahira | wadyanira kang angiring | mung ingkang trêsna | sêdya mring Gunungsari ||

60. duk samana apan sampun binabadan | bêdhahe ing Kadhiri | kalah Trunajaya | babade rupa sirna | angrasani janma nênggih | asalin têmbang | asmaradana ngapti ||

79. Trunajaya kacêpêng dipun pêjahi

104. Asmaradana

1. samana ngandika aris | Jêng Susunan Amangkurat | marang Amral Hèldhuwèldhèh | Amral payo jarahana | sajrone ing nagara | apan uwis janjiningsun | sira kang duwe jarahan ||

2. sigra samya jêjarahi | Jêng Susunan Amangkurat | Wlanda Bugis Makasare | sami suka manahira | têlas sajroning kitha | apan jinarahan sampun | saking pasrahe susunan ||

3. ri sampuning jêjarahi | Kangjêng [Kang...]

--- 13 : 17 ---

[...jêng] Susunan Mangkurat | anulya bubar sirage | ngêsuk dhatêng Trunajaya | mring Wukirsari agya | dene wau kang dèn êsuk | sira Radèn Trunajaya ||

4. wus nora sêdya ngawali | amung uripe kewala | wau kang dèn ungsèkake | gènnya anèng Argasêkar | pan wus lumajêng sira | mring wukir Ngantang jinujug | jinujul mring jêng susunan ||

5. kèndêl ing Payak narpati | gènnya jujul Trunajaya | rêrêp lampahe sang katong | apan sampun masanggrahan | miwah kang wadyabala | sami pamondhokan sampun | angèbêki ara-ara ||

6. mila kèndêl sri bupati | ragi tan kenging lumampah | saking pakèwêd mêrgine | wau ingkang kawarnaa | Pangeran Cakraningrat | kang dèn sakiti karuhun | dhatêng Radèn Trunajaya ||

7. kang pinrênah Lodhayèki | samana gya tinimbalan | dhatêng susunan sirage | sapraptaning ngarsa nata | sinrahan ing Madura | angandika sang aprabu | mring Pangeran Cakraningrat ||

8. marma sira sun timbali | Cakraningrat wruhanira | lah tampanana ing mêngko | nagaranira ing Sampang | ingsun pracayèng sira | môngsa bodhoa sirèku | dènira angrèh nagara ||

9. nanging ingsun patêdhani | sira mêngko pagawean | gawe ingkang lêwih abot | prakara Si Trunajaya | iku sira payaa | têkane ing ngarsaningsun | sun têmpuhakên ing sira ||

10. umatur saha wotsari | Pangeran [Pange...]

--- 13 : 18 ---

[...ran] Anyakraningrat | nuhun sandika ature | gusti abdi sri narendra | inggih pun Cakraningrat | sayêktos tan kenging lumuh | sanadyan dhatêng ing pêjah ||

11. apan darmi anglampahi | ing tiwas sagêd kawula | saking barkat sakti katong | nanging pandonga kawula | mugi-mugi angsala | kawula barkat sang prabu | kenginga pun Trunajaya ||

12. ri sampun têlas kang wêling | Jêng Susunan Amangkurat | mring Pangran Cakraningrate | eca galihe sang nata | dene ingkang punggawa | sadaya sami rahayu | miwah pasisir sadaya ||

13. wau ta ingkang tinuding | kang kinèn ing ngardi Ngantang | datan kawarna lampahe | sira Pangran Cakraningrat | ambujuk Trunajaya | samana sampun lumaku | minggah dhatêng ardi Ngantang ||

14. wontên dene ingkang kari | sasisane ingkang pêjah | tiyang Maduntên sakèhe | kalane duk têlukira | kang kinèn ngayomana | mring wong Madura kang têluk | nênggih Radèn Mangunjaya ||

15. wontên dene kang kêkasih | Dyan Mangunjaya punika | saking Sumênêp asale | mila têtiyang Madura | sami eca kang manah | dening wau kang winuwus | kang minggah mring ardi Ngantang ||

16. Pangran Cakraningrat nênggih | punika kang ingantosan | mila susunan kèndêle | anèng ing Payak samana | nanging datan winarna | solahira kang ingutus | panggiha lan Trunajaya ||

17. tan alama nuntên prapti | sira Pangran Cakraningrat | pan angsal karya lampahe | samana apan kabêkta |

--- 13 : 19 ---

Rahadèn Trunajaya | marga gampil kengingipun | dhatêng Pangran Cakraningrat ||

18. pan kêni mêmanising ling | saking wignyaning Pangeran | Cakraningrat pambujuke | dhasar sampun manggih papa | sarta gigrig kang manah | binabana garwanipun | ingajak nungkul kewala ||

19. tan bêtah anèng ing ardi | mila ngajak asrah jiwa | kalawan pêjah gêsange | sumôngga ing ngarsa nata | narêngi ingkang paman | praptane pambujukipun | ngakên kapracayèng nata ||

20. saha sandi ananggêni | de dene Dyan Trunajaya | mila èstu panungkule | datan sumêlang ing nala | Rahadèn Trunajaya | samana sampun tumurun | nênggih saking ardi Ngantang ||

21. Radèn Trunajaya nênggih | umiring dhatêng kang paman | miwah sarayate kabèh | datan wontên kang kantuna | sira Dyan Trunajaya | wus kerid ing lampahipun | mring Pangeran Cakraningrat ||

22. datan kawarna ing margi | lampahe Pangran Madura | kang bujuk kaponakane | dupi lampahe mèh prapta | ing pasanggrahan nata | agya rinakitan sampun | wus sami nandhang pusara ||

23. lawan êmbane satunggil | ingkang tumut tinangsulan | nanging kala panyêkêle | Pangeran Anyakraningrat | sarya ambujuk krama | mangkana panabdanipun | lah ki anak Trunajaya ||

24. sampun andika kuwatir | ing manah dèn apracaya | kula ingkang malang ing rèh | yèn wontên dukaning nata | sampun dika sumêlang | dadya lêstari anutut | sira Radèn Trunajaya ||

--- 13 : 20 ---

25. apan sampun dèn tangsuli | lawan êmbane satunggal | agêng aluhur dêdêge | saksana katur sang nata | lamun pun Trunajaya | sowan dhatêng sang sinuhun | nanging sampun kapusara ||

26. kabêkta ing cindhe abrit | anênggih pun Trunajaya | punapa karsa sang katong | sri naranata ngandika | lah sira lajokêna | ingsun gya arsa têtêmu | apa rupane riningwang ||

27. nanging luwarana sami | pusara kang anèng angga | dinulu ala sirnane | wong sêtya nandhang pusara | lah mara gya lajua | saksana sampun lumayu | wus munggèng ing ngarsa nata ||

28. abukuh lungguh ing siti | anglir konjêm ing pratala | Dyan Trunajaya mukane | jêng susunan angandika | hèh adhi Trunajaya | luwarana ujar ingsun | ubayaningsun mring sira ||

29. apan janjiningsun dhingin | sok ingsun madêga nata | sakèhe karaton ingong | iya kang mungguh ing jaba | sun srahakên ing sira | kang ing jêro apan ingsun | alah sira tampanana ||

30. Trunajaya matur aris | saha sêmbah aturira | tinata ririh ature | sinuhun anuhun duka | gusti pun Trunajaya | datan môntra kumapurun | tumadhah andika nata ||

31. suka pêjaha kang abdi | tinêtêk ing ngarsa nata | saking jrih kawula anggèr | tampia andika nata | dening sih kang tumama | langkung kapundhi kasuhun | sadèrèng dhawuh andika ||

32. nanging abdi sri bupati | rumaos datan kawawa |

--- 13 : 21 ---

angrèh wadyabala katong | pan gusti pun Trunajaya | datan durakèng nata | amung pêjah gêsang konjuk | jêng susunan angandika ||

33. hèh Trunajaya sirèki | apaa têka mangkana | apan uwus karsaningong | sadurungira prasêtya | uwus ingsun tarima | sakèhe dudunirèku | uwus padha ngong apura ||

34. lah aywakèh salah kapti | têka sira tampanana | ing mêngko ta pasrahingong | luwara prajanjiningwang | dhingin marang ing sira | rèhingsun wus madêg ratu | tan arus madayèng ujar ||

35. amêksa tan purun tampi | wau Radèn Trunajaya | taksih sumêlang galihe | angrasa dèrèng kaduga | ing karsaning narendra | tansah angartikèng kalbu | mila dangu tan atômpa ||

36. sang nata asêmu runtik | adangu tan ingaturan | tan kasêmbadan karsane | saksana Pangran Lamongan | wruh yèn natasmu duka | ya ta sung peling gya muwus | hèh ki anak Trunajaya ||

37. asmu sêndhu dènirangling | marang Radèn Trunajaya | tan ana kaya mangkono | ingkang kaya ujarira | satriya cidrèng ujar | lir traping wong tanpa usul | kaya wong kang tanpa jaman ||

38. apa tan èngêt sirèki | watêk andikaning nata | yèn datan kêna pinopo | sanadyan silih sisipa | sayogya yèn tinuta | sarêng amiyarsa wuwus | sira Radèn Trunajaya ||

39. samana anglir pinêtik | sira Radèn Trunajaya | nuhun sandika ature |

--- 13 : 22 ---

tampi pasrahing narendra | wus misuwur sadaya | sawadyabala sang prabu | pêpatih Dyan Trunajaya ||

40. samana sri narapati | luwaran sinebèng wadya | wus kondur masanggrahane | bala wus apamondhokan | miwah Dyan Trunajaya | kaparingan pondhok sampun | tan winarna polahira ||

41. mangkana apan alami | susunan kèndêl ing Payak | tansah arêmbag wiraos | sadhatênge Trunajaya | sapunggawa Mataram | yèn dalu tansah arêmbug | anglir pendah pêksi nila ||

105. Dhandhanggula

1. dyan kocapa sagung para mantri | wong Mataram wus rêmbag sadaya | punggawa miwah mantrine | tan ana kang angrungu | lamun sampun anunggil kapti | sakèhe wong Mataram | wau kang dèn suwun | pêjahira Trunajaya | mring susunan ature kala ing wêngi | gènnya sami asowan ||

2. kala samana sri narapati | tan kawawa lamun angampaha | wong Mataram ing ature | dhasaripun sang prabu | taksih wontên mungêring galih | dhatêng Dyan Trunajaya | kasusul ing atur | dadya mungkad dukanira | marang Trunajaya karsa dèn têlasi | ngantos enjing kewala ||

3. cinarita kalanirèng nguni | Trunajaya duk patêlukira | anèng ing Payak lamine | kongsi sowan ping têlu | kang sapisan dhawuhing janji | kasêdhahan parentah | dadya patih agung | asowan kaping kalihnya | pan rahajèng wus datan mawi kawatir | rumaos yèn raharja ||

--- 13 : 23 ---

4. duk samana kalaning ing enjing | Trunajaya sowane ping tiga | sang nata nuju dukane | miyos têtarub agung | sinewaka ing para mantri | miwah para punggawa | kang nama tumênggung | pinarak anèng dhêdhampar | wong Mataram wus pêpak munggwèng ing ngarsi | pênuh ngèbêki papan ||

5. Radèn Trunajaya munggèng ngapti | prênahira pan kapara ngarsa | kalayan wadya sakèhe | pan wus jamaking ratu | kang pêpatih ngarsa pribadi | nanging ta wong Mataram | pêpêkan lit agung | sadaya sampun samêkta | kang adarbe dhuwung wasiyat winangking | ngantos dhawuh andika ||

6. rêrêp sakathahing wong kang nangkil | ajrih umulat sêngêring nata | angêmu duka prabane | datan antara dangu | gya ingawe maraèng ngapti | sira Dyan Trunajaya | majêng awotsantun | sapraptanirèng ngajêngan | sri bupati pangandikanira aris | hèh adhi Trunajaya ||

7. wêwêngkoningsun busik jinawil | mring sanak-sanakira Mataram | apa ta baya wadine | Trunajaya andhêku | mukanira konjêm ing siti | sarêngnya kadhawuhan | andikaning ratu | samana kangjêng susunan | tan antara lawan dhawuhe ri kang ngling | narik Kyai Balabar ||

8. gya tumêdhak sigra anglarihi | jêng susunan dhatêng Trunajaya | kaprajaya sasalange | kang kiwa tatunipun | gya rinêbat ing para mantri | Trunajaya samana | sinudukan sampun | dening punggawa Mataram | sapêjahe gilang-gilang

--- 13 : 24 ---

ingkang jisim | ngantos parentah nata ||

9. sigra angandika sri bupati | alah uwis iku undurêna | Si Trunajaya jisime | lawan parentah ingsun | mring sakèhe wong ing Matawis | lah manawa ana kang | dhihin duwe kaul | padha sira lakonana | sasukane ajana taha mring mami | sigra kang wong Mataram ||

10. agya sami ngluwari punagi | ya ta jisime Ki Trunajaya | wus rinêbat ing wong akèh | ana wêwêdhak marus | wênèh kang wong anguntal ati | ana anepak sirah | myang anyuwut rambut | samana Dyan Trunajaya | pêjahira sarêng lan êmbanirèki | sami wontên ing Payak ||

11. kalih ilang angrasani wani |Sengkalan: kalih ilang angrasani wani (1602 A.J., 1679 A.D.). sangkalanipun kala samana | duk Trunajaya pêjahe | mangkana kang winuwus | sabêdhahe nagri Kadhiri | pêjahe Trunajaya | wong bang wetan suyud | dhatêng Susunan Mangkurat | sakathahe môncanagara pasisir | tan wontên mangkêlanga ||

80. Nagari Kartasura madêg, Sinuhun Amangkurat animbali ingkang rayi Sinuhun Ngalaga ing Mataram

12. kawarnaa sang sri narapati | akarsa bubar mring Surapringga | nêdya ngujung dhatêng Ngampèl | pan ingundhangan sampun | wadyabala miwah Kumpêni | sami enggar sadaya | tyasirèng wadyagung | dening alami nèng Payak | marmitanya wadyabala gya cumawis | samêktaning lumampah ||

13. sampun prapta nagri

--- 13 : 25 ---

Surawèsthi | kang pamingking taksih anèng Payak | saha dhêndhêng ing lampahe | tan kawarna ing ênu | lampahira sri narapati | wus praptèng Surapringga | masanggrahan sampun | enjing wau kawarnaa | sri narendra akarsa ngujung tumuli | dhatêng ing Ngampèldênta ||

14. ri sampunnya sang sri narapati | ngujung sêtana ing Ngampèldênta | agya masanggrahan malèh | pan kocapa ngadhatun | sri narendra nèng Surabanggi | datan antara lama | sira sang sinuhun | samana wadya dinuta | dhatêng Giri kadhaton anyuwun idin | mring Panêmbahan Ngarga ||

15. dene kang dinuta mring sang aji | kang anama Radèn Mangunjaya | wus praptèng Giri lampahe | lajêng manjing kadhatun | sigra cundhuk lan sang ayogi | aturipun mangkana | pan dinuta ulun | ing susunan kang amurba | apan ulun dinuta anuhun idin | mring jêng sang panêmbahan ||

16. rèh umadêg nata angrèh Jawi | kangjêng susunan ingidènana | mring panêmbahan ing mangke | nênggih kang dipun suwun | idinipun Sinuhun Giri | mugi tinulusêna | ring panjênêngipun | dènnya ngrèh ing nuswa Jawa | sapunika pênuwune sri bupati | panêmbahan ngandika ||

17. alah iya iku sun idini | Mangunjaya yèn têdhak Mataram | ujar nyata kang aduwe | tus-tarutusing ratu | nuswa Jawa kang anduwèni | nyata têdhak Mataram | tan ana lyan iku | yogya ingsun ngidènana | lamun dudu têdhak Mataram tan apti |

--- 13 : 26 ---

ingsun angidènana ||

18. Ki Mangunjaya umatur aris | panêmbahan ing atur kawula | sampun ta sampeyan age | angidèni saèstu | mila mambêng kawula ugi | raose manah kula | ing saèstunipun | dede têdhaking Mataram | kadya èstu punika anak Walandi | panêmbahan ngandika ||

19. yèn mangkono tuturira ugi | Mangunjaya yêkti sun tan arsa | angidènana jênênge | lamun dudua iku | têdhaking wong agung Matawis | kayaratu gon ngidènan | yêkti datan arus | lah uwis sira muliha | Radèn Mangunjaya samana sigramit | sampun mulih sing arga ||

20. tan kawarna lampahirèng margi | Dyan Mangunjaya saksana prapta | ing Surabaya sirage | lajêng sira acundhuk | munggwing ngarsanira narpati | manêmbah ring suku sang | mangusapi lêbu | mangkana ing aturira | nuhun duka pun Mangunjaya Narpati | rèh amundhi andika ||

21. inggih sampun kadhawukênkadhawuhkên. uni | sahandika nata dhatêng arga | amundhut idin wiyose | dhatêng Sinuhun Gunung | yèn paduka amundhut idin | ingkang ingidènana | panjênêngan prabu | nanging Panêmbahan Ngarga | datan arsa angidènana narpati | ing jênêng tuwan nata ||

22. nanging datan wruh kang dados wadi | panêmbahan gènipun tan arsa | ngidèni sang nata mangke | ing panjênêngan ratu | sapamirsanira narpati | ing atur kang mangkana | langkung dukanipun | Sri Maha Prabu Mangkurat | lir sinêbit karnanya kang jaja abrit | anglir mêdal dahana ||

--- 13 : 27 ---

23. pracihna ywan duka andhatêngi | tingalnyandhik garap angandika | Kya Bicak sinambut age | sigra tinêmbang ngungkung | kagyat wadyabalagung alit | miwah mantri punggawa | kang samya gung-agung | wusa asikêp ngayuda | sri bupati saksana bubar tumuli | dènnyarsa ngrurah ngarga ||

24. sumrêg lampahe bala ngajrihi | miwah punggawa Kamangkuratan | saha wadya Walandane | wong pasisir gumulung | miwah wadya môncanagari | datan kawarnèng marga | ing Giri kinêpung | samana wong Giripura | wus samêkta sagêgamane wong santri | sêdyane sabilollah ||

25. nanging samana wontên winarni | panêmbahan darbe kaponakan | nênggih putrane kakange | warnanipun abagus | nama pangran ing Singasari | putranya panêmbahan | Pangulu ranipun | punika ingkang minôngka | prajurite sagung ingkang para santri | milarsa sabilollah ||

26. dupi wong Mataram aningali | mring wong Giri yèn mapag ing yuda | wong Mataram suka tyase | sigra panêmpuhipun | aningali wong Giri kêdhik | sêdyane sinawawa | wong Giri atangguh | tan ana sêdya gingsira | wadyèng Giri katitihan dening Gusti | Pangeran Singasêkar ||

27. apan ta kadi banthèng akanin | pangamuke wong Giri samana | wong kasunanan kèh longe | bubar sisaning lampus | palayune angungsi urip | sabubare wong Jawa | Walônda tinêmpuh | pinagut lan sanjatanya | bêdhil muni kapyarsa lir

--- 13 : 28 ---

guntur ardi | wong Giri kathah pêjah ||

28. sisaning pêjah ngungsi ing gusti | samana Pangeran Singasêkar | atanggah tulung balane | wruh wadyane kèh lampus | panêmpuhe tan nyipta urip | di drèl datan tumama | ing mimis malurut | tandange lir singa barwang | pan kalintang têguh Pangran Singasari | wong Walôndakèh pêjah ||

29. sapêjahe alpèrèsnya nuli | wong Walônda buyar asarsaran | samya ngungsèkkên uripe | ngungsi kangjêng sinuhun | wadyabalanira narpati | samanakèh lumajar | sasisaning lampus | tarkane môngsa mênanga | dene ingkang nama Pangran Singasari | têguhira kalintang ||

30. dene kang maksih tanggah ing jurit | ingkang munggèng ngarsaning narendra | kari pêpilihan bae | ingkang minôngka pamuk | ran priyayi nom-anom nênggih | samana tinarajang | mring Dyan Singasantun | tanggon nadhahi prakosa | wong nom-anom wau Pangran Singasari | sinosog ganjur atap ||

31. malah mumbul tan tumamèng wêsi | wau sira Pangran Singasêkar | datan busik kusikane | tibèng siti mangamuk | kalih dhuwung anggêgirisi | tandang lir singa galak | ing pangamukipun | mangamuk saha curiga | dene kang nanggoni Pangran Singasari | samya nêdya sudira ||

32. samya angantêp waninirèki | ran prayayi nom-anom punika | tan nêdya gumingsir kabèh | saking merang lumayu | dyan pangeran ing Singasari | pangamuke lir yaksa | môngsa wangkenipun | atêmah [atê...]

--- 13 : 29 ---

[...mah] tumpês sadaya | wong nom-anom sadaya sami ngêmasi | tanna malajêng gêsang ||

33. dene sagung kang para bupati | palayunya tan môngga puliha | niwah bala Kumpênine | asarsaran lumayu | sang nata bramatya mulat ing | wadyagung alit têlas | lèn kang pêjah ngayun | sigra mangagêm wasiyat | sang nata Kya Baru nèng asta kumitir | sang prabu karsa yuda ||

34. nanging kang tansah rumêksèng aji | sira Panêmbahan Natapraja | punika tan kenging têbèh | panêmbahan puniku | ingkang têdhak Susunan Adi | apan têdhak ping lima | saking Adilangu | Panêmbahan Natapraja | pan kaprênah warèng lan Susunan Adi | punika tan atêbah ||

35. saksana umatur ing narpati | sira Panêmbahan Natapraja | asangêt ing pamambênge | sinuhun Kyai Baru | wus pinaringakên tumuli | mring sira panêmbahan | angagêm gya magut | Panêmbahan Natapraja | munggwing rana Pangran Singasari uning | ywan wau panêmbahan ||

36. ingkang umangsah magut ing jurit | wus prayatna Pangran Singasêkar | mêngsah tangkis warangkane | anêmpuh saminipun | baya sampun pasthining Widi | tan kêna owahana | ywan wus praptèng surud | wau Pangran Singasêkar | asmu layu atangkis-tangkis tanpolih | watêk kantun ungaran ||

37. kasaliring pangran dèn larihi | winaos jajane trus walikat | aniba datanpa ngêne | Pangeran Singasantun | tan antara gya angêmasi | kang kinarya anumbak | wau Kyai

--- 13 : 30 ---

Baru | dhatêng Pangran Singasêkar | tingkahira pêjah Pangran Singasari | taksih ngawêt lathinya ||

38. taksih ingasta dhuwungirèki | dahat kêkah tan kêna pinêngkang | datan kawarna polahe | Giri jinarah sampun | ingkang paman Dyan Singasari | kang nama panêmbahan | kapusara sampun | pinusara cindhe sêkar | sampun katur samana ngarsa narpati | wus kinèn nyedanana ||

39. sigra anulya dipun sedani | sinedan anèng lawang sêtana | apan sedane linawe | ri sampun seda wau | panêmbahan ing Giri èsthi | samana jêng susunan | kang karsa akondur | mantuk dhatêng Surapringga | sinangkalan lir ilang rasaning janmi |Sengkalan: lir ilang rasaning janmi (1603 A.J., 1680 A.D.). sang nata sampun bubar ||

40. tan kawarna lampahirèng margi | kangjêng susunan pan sampun prapta | Surabaya sabalane | apan sampun ngadhatun | sri bupati nèng Surawèsthi | ponang wadya sadaya | miwah punggawagung | sami eca manahira | kawarnaa Ki Mangunjaya ing mangkin | apan sampun ginanjar ||

41. ingkang ginanjarakên anênggih | dhatêng sira Radèn Mangunjaya | pan nagara ganjarane | Sumênêp wastanipun | apan sarya sinung kêkasih | jinunjung saking ngandhap | sumêngkèng ngaluhur | apan kinulawisuda | Mangunjaya jinunjung dadya bupati | aran Yudanagara ||

42. Hônggajaya pan ginanjar sami | nênggih nagara ing Pasêdhahan | wau kang ginanjarake | lan malih sarêngipun | kang samya ginanjar nagari | aran Ki Hônggawôngsa | pan ginanjar wau | nagara [na...]

--- 13 : 31 ---

[...gara] ing Surabaya | ganjarane sarta sinungan kêkasih | Tumênggung Hônggawôngsa ||

43. wontên dene kang ginanjar malih | kang anama Ki Sêcanagara | ing Japara ganjarane | kalawan malihipun | pan nagara ing Surabanggi | ginêmpal cacahira | sèwu tigang atus | ginanjarakên pangeran | ing Lamongan samana kandhane nguni | ri sampuning mangkana ||

44. tan winarna laminirèng nguni | kala susunan nèng Surapringga | wus ginanjar sadayane | sakèhing punggawa gung | pan nagara ganjarannèki | sampuning pêparentah | wau sang sinuhun | arsa bubar mring Samarang | wus samakta punggawa mantri gung alit | gya bubar kang pangarsa ||

45. enjingane bubar sri bupati | saha bala umiring sadaya | angèbêki margagunge | kèhing wadya lumaku | anglir bênaning kang jaladri | tan kawarna laminya | lampahirèng ênu | sarawuhirèng Samarang | jêng susunan sampun masanggrahan nênggih | sawadya balakuswa ||

46. rikala susunan nèng Samawis | Tuwan Amral apan tan alama | anuntên tinundhung mulèh | katrima lampahipun | Amral dhatêng sri narapati | wus ginanjar nagara | Tuwan Amral wau | apan kêkalih nagara | ingkang ginanjarakên marang Kumpêni | wastane kang nagara ||

47. ing Carêbon satunggile malih | ing Sumênêp pan sampun tinampan | kalangkung trima kasihe | Tuwan Amral gya mantuk | pan atilar bala Kumpêni | Walandi kang ajaga | dhatêng sang sinuhun |

--- 13 : 32 ---

ya ta saulihnya Amral | sakathahe para nayaka narpati | sami apirêmbagan ||

48. kang rinêmbag mênggahing nagari | kang prayoga kinarya kadhatyan | apan sang prabu karsane | Ngayodya karsanipun | kinaryaa kadhaton adi | de kang para bupatya | wau rêmbagipun | ing Tingkir kang pinrayoga | dadya kitha Ki Tanuraga ngaturi | aprayoga ing Pokak ||

49. sadaya tan wontên amêthuki | lawan ingkang karsa jêng susunan | sakwèh bupati rêmbage | dan Ki Urawan matur | mring sang nata lamun suwawi | pênêd ing Wanakarta | dadosa puragung | samana apan dhinahar | saature Urawan dhatêng narpati | sigra sang sri narendra ||

50. nulya aparentah ing wadyalit | ingkang minôngka pangarsèng lampah | wus samakta sakathahe | dupi ing enjingipun | bubar saking lumakwèng ngarsi | minggah mring nagri Pajang | apan kang dinunung | aran desa Wanakarta | ingkang yogya badhe kadhaton narpati | sigra sri naranata ||

51. samana bubar saking Samawis | ingiring saha wadyabalanya | awarna-warna tunggule | ana têtunggul wulung | saha ciri wanara putih | ana tunggul sutrabang | seta tumpalipun | ana têngran tunggul jênar | tumpal seta wênèh ana dwaja wilis | aciri sutra jênar ||

52. munggwing madya lampahing narpati | ginarêbêg wadya sêsêliran | waos pêthak landheyane | punika sikêpipun | wong saragni kang munggèng [mung...]

--- 13 : 33 ---

[...gèng] ngarsi | têngran dwaja sutrabang | pêthak tumpalipun | ingaran gula kalapa | ciri wulan tuhu busanèng narpati | pracihna mêngku Jawa ||

53. tan kawarna lampahirèng margi | sampun prapta nagara ing Pajang | ing Wanakarta dununge | amasanggrahan sampun | rame kang wong akarya puri | ababad patêgalan | wanalit ginêmpur | tan kawarna solahira | wus samakta sauparêngganing puri | sang nata wus ngadhatyan ||

54. ing Wanakarta sampun ingalih | ingaran Kartasura Diningrat | kala duk pangadhatone | Kartasura sang prabu | sasi Ruwah nênggih ing nguni | ing taun Alip ika | sêsêngkalanipun | mantri sirna obahing rat |Sengkalan: mantri sirna obahing rat (1603 A.J., 1680 A.D.). jêng susunan kang rayi dipun utusi | kang madêg ing Mataram ||

55. wontên panakawan jro kêkalih | têtilarira Ki Mangkuyuda | jalu kêkalih sutane | pinundhut ing sang prabu | duk pêjahe ramane nguni | aprang rêbut gapura | nèng Kadhiri sampyuh | lan Tumênggung Darmayuda | Mangkuyuda atilar suta kêkalih | Ki Lêmbu lan Ki Buwang ||

56. Ki Lêmbu mangkya jinunjung linggih | ginêntosakên ing ramanira | kinalihan lan arine | sami sinung jêjuluk | pan Ki Lêmbu namanirèki | gantya namaning rama | Ki Mangkuyudèku | Ki Buwang sinungan aran | Ki Tumênggung Natayuda de narpati | kêkalih pan minôngka ||

57. wadananira prayayi bumi | lan bumija pan sampun mupakat | kalih gantyani ramane | ya ta ingkang winuwus | kang dinuta [di...]

--- 13 : 34 ---

[...nuta] marang Matawis | mêsat saking ing ngarsa- | nira sang sinuhun | ing ênu datan winarna | sampun prapta duta nagarèng Matawis | warnanên sri narendra ||

58. Natèng Alaga enjing tinangkil | pêpak sagung ingkang wadyabala | pra nayaka ing ngarsandhèr | munggwing ing sitiluhur | saha upacaranirasri | pinarak ing dhêdhampar | alêlamak babut | wong magêrsari akapang | wong saragni ing ngarsa têba marapit | dwaja gula kalapa ||

59. wong kaparak sawontêne sami | datan lali pasikêpanira | kadya duk wêwiyosane | kang rama sang aprabu | nanging kathah kalawan kêdhik | punggawa kang winarna | kang munggwèng ing ngayun | Tumênggung Gajah Pramoda | Arya Môndhalika Arya Wiramantri | lan Arya Natabrata ||

60. Arya Tambakbaya lawan ari | Arya Surajaya munggwèng ngarsa | Ki Dêmang Kalêng wus dene | lawan Dêmang Mataun | myang Ngabèi Jagabayèki | Ki Bocor lan Ki Jênar | tuwin Ki Wu-awu | lawan Ki Rôngga Tanpulas | Pulangjiwa Ngabèi Panjêr wus dening | kang munggèng ngarsa nata ||

61. kang sewakèng panangkilan jawi | pra santana Pangeran Pamênang | Pangran Arya Panulare | lawan kang pinisêpuh | Pangran Natakusuma nênggih | myang Pangran Mangkubumya | jajare alungguh | wau ingkang kawarnaa | duta saking Kartasura marêpêki | Pangran Natakusuma ||

62. wus dinangu ywan dinuta dening | pangran dipatya kang madêg nata | Kartasura kadhatone | jujulukirèng Prabu | Amangkurat bala

--- 13 : 35 ---

Kumpêni | ngadhaton bumi Pajang | nênggih kang winangun | Dyan Pangran Natakusuma | minggah sitiluhur prapta ing ngarsaji | umatur wontên duta ||

63. inggih saking ing Pajang nagari | katur ing nata kinèn umangsah | prapta ing ngabyantarane | duta nêmbah umatur | saandikanira narpati | yèn ari ingandikan | de raka sang prabu | kangjêng pangeran dipatya | pan ing mangke sampun umadêg narpati | ngadhaton tanah Pajang ||

64. saha kinèn amundhut puradi | Natèng Ngalaga myarsasmu duka | mawinga-winga jajane | duta tinulak sampun | mêsat saking prajèng Matawis | ya ta Sang Natèng Nglaga | angandika asru | marang sagunging prawira | kayaparan ing rèh duta ingkang prapti | kang saking nagri Pajang ||

65. sigra matur pangran kang tinari | Natakusuma myang Môndhalika | katri Gajah Pramodane | yèn suwawi pukulun | anglampahna duta pribadi | yêkti raka paduka | lawan dedenipun | abdi dalêm pamyarsanya | pan misuwur kang jumênêng narapati | nênggih sutaning Amral ||

66. inggih saking sagêding Kumpêni | dènirarsa ngakahi rat Jawa | akarya pindha-pindhane | ngandika sang aprabu | yèn mangkono bêcik sun têlik | yèn èstu kakang êmas | kang umadêg ratu | marêka sun duta pisan | dyan anuduh prawara dinuta sandi | Rahadyan Natabrata ||

67. pinitungkas duta nêmbah amit | mêsat Radèn Arya Natabrata | datan kawarna lampahe | wau [wa...]

--- 13 : 36 ---

[...u] ta Sang Sinuhun | ing Alaga dyan angundhangi | marang sagung pratiwa | prawara nung-anung | kinon samêktèng ayuda | lamun dede kang raka madêg narpati | nulya pinrêp karsanya ||

68. angruraha sutaning Kumpêni | kang umadêg natèng tanah Pajang | kang pêksa angrèh rat kabèh | wadya kalangan umung | wong Mataram amêpak baris | wadyalit myang prawira | prajurit gung-agung | sadaya angajap yuda | suka yèn dèn adua lawan Kumpêni | kang madêg anèng Pajang ||

69. karsanira natèng Alagadi | ywan èstua ingkang raka prapta | pasthi nulya seba age | sri narendra ngadhatun | nahan dutanira Narpati | Sang Prabu Amangkurat | kang saking Matarum | praptèng nagri Kartasura | duta lajêng tumamèng ngabyantaraji | katur sasolahira ||

70. yèn ingkang rayi tan arsa nênggih | sumiwia marang Kartasura | narka yèn dede kadange | sutaning Amral tuhu | panarkane wadyèng Matawis | pura pan kinêkahan | malah arsa ngrampung | lumaksanèng adilaga | ya ta mèsêm Prabu Mangkurat miyarsi | nênggih kang kawuwusa ||

71. dutanira Prabu Ngalagadi | Radèn Arya Natabrata prapta | ing Kartasura lampahe | mangsah ing ngarsa Prabu | Amangkurat lagya tinangkil | atap prawirèng ngarsa | pra prajurit agung | apatih Anrangkusuma | lan Ki Arya Sindurêja lan Dipati | Urawan munggèng ngarsa ||

72. Mangkuyuda myang Natayudari | miwah Tumênggung Wirawidigda | wadyèng pasisir wus dene | Pangeran [Pangera...]

--- 13 : 37 ---

[...n] Madurèku | myang tumênggung ing Surawèsthi | sagung para dipatya | pasisir nèng ngayun | myang wadyèng môncanagara | tuwin wadya Kumpêni munggèng ing keri- | nira sri naradipa ||

73. Arya Natabrata marêpêki | ing Rahadèn Rêkyana Apatya | Anrangkusuma nulyage | manêmbah ing sang prabu | matur wontên caraka prapti | saking ari nata kang | madêg ing Matarum | dutanya pun Natabrata | sri narendra myat ing duta ngandikaris | hèh sira Natabrata ||

74. dinuta paran marang si adhi | Natabrata matur saha sêmbah | ngutus nalika yêktine | inggih lan dedenipun | yèn paduka madêg narpati | kasumbung yèn sutamral | kang umadêg ratu | marma gusti ri paduka | krodha arsa lumaksana ing ajurit | tan myarsa yèn paduka ||

75. jêng sinuhun angandika aris | yèn mangkono Natabrata enggal | muliha matura age | mring si adhi yèn ingsun | madêg ratu bala Kumpêni | wong sabrang warna-warna | môngka wadyaningsun | Si Trunajaya wus sirna | wadyanya suh môncanagara pasisir | suyud sumiwi ringwang ||

76. dutèng Kalagan nêmbah nulyamit | Radèn Arya Natabrata mêsat | saking ngarsa nata age | ya ta lèn kang winuwus | prabu ing Ngalaga nimbali | agunêm jroning pura | lan nayakanipun | nanging salaya ing karsa | pan sadaya pra mantri padudon kapti | Pangran Natakusuma ||

77. aturira kêdah angaturi | sumiwia marang Kartasura | pan [pa...]

--- 13 : 38 ---

[...n] wus antuk ing yêktine | yèn ingkang raka tuhu | Adipati Anom Matawis | madêg nèng bumi Pajang | gwanira palungguh | ing Wanarja ingaranan | Kartasura Adiningrat wong pasisir | môncanagara seba ||

78. Prabu Ngalaga kewran ing galih | dene nayaka salayèng karsa | sirarya Môndhalikane | lan Gajah Pramodèku | sangêt dènnya anggêgendholi | myang Arya Tambakbaya | myang Surajayèku | dadya wau sri narendra | kang winratanwinartan. ature punggawa katri | sakawan kang dhinahar ||

79. tuwin sagung ingkang para mantri | angrêmbagi Arya Môndhalika | anunggil ing saature | langkung tikbra sang prabu | sagung ingkang punggawa mantri | sampun tinundhung mêdal | ing karsa sang prabu | pan anganti dutanira | ya ta wau Pangran Natakusumaglis | prapta ing dalêmira ||

80. kapugutan ing tyas angundhangi | sarayate kinèn asiyaga | wus samêkta ing dalune | linggar sagrahanipun | karsanira nungkul pribadi | marang ing Kartasura | nahan kang winuwus | Radèn Arya Natabrata | lampahira samana praptèng Matawis | panggih lan Môndhalika ||

81. Ki Tumênggung Gajah Pramoda ngling | tuwin Arya Môndhalika tanya | hèh radyan arjèng lampahe | paran ing yêktinipun | Radèn Natabarata nauri | èstu pangran dipatya | kang umadêg ratu | anging akondhang wong sabrang | warna-warna môncanagara pasisir | suyud sumiwèng nata ||

82. wadya bêbêktan saking Matawis |

--- 13 : 39 ---

panakawan myang kapêdhakira | sagung wong ing kadipatèn | akèh nama tumênggung | dêmang rôngga miwah ngabèi | sirarya Môndhalika | alon dènnya muwus | hèh kakang Gajah Pramoda | yèn sirarju rahadèn matura silib | yèn dudu ingkang raka ||

83. umatura yèn anak Kumpêni | kang umadêg anèng bumi Pajang | pêksangrèh ing sa-rat kabèh | yèn matura satuhu | marang gustine yèn raka yêkti |Lebih satu suku kata: mring gustine yèn raka yêkti. pasthi anuli seba | mring kang raka nungkul | lêgane tyas ingsun kakang | aran padha ingidèn marang sawargi | kang linèng Têgalgônda ||

84. duk angrêbat pura ing Matawis | angrurah mungsuh wadyèng Madura | wadyèng Makasar wus dene | kalakon wus karêbut | anggèr pan wus madêg narpati | têka nuli sebaa | anglungsur kaprabun | ingsun kakang lawan sira | anggadibal dadya janma tanpa wijil | corah tan kalbwèng cacah ||

85. sru ambêkuh Gajah Pramodeki | iku bênêr Arya Môndhalika | pasthi yèn lêbar uruse | yèn kalakona nungkul | tanpa unggwan wadyèng Matawis | payo ta ingaturan | gusti dèn akukuh | marma anak Natabrata | aniliba ing atur marang ing gusti | anyukupa sakathah ||

86. umung sagung ingkang para mantri | angrojongi ing Gajah Pramoda | lan ing rèh Môndhalikane | ngurêd dadia pupuh | para mantri Baglèn Matawis | mupakat kang pirêmbag | sigra Ki Tumênggung | Gajah Pramoda kalawan | Arya

--- 13 : 40 ---

Môndhalika tumamèng jro puri | Dyan Natabratèng wuntat ||

106. Pangkur

1. prawara tri praptèng pura | wus acundhuk lan Natèng Ngalagadi | katri sarêng awotsantun | mangaras ing suku sang | Natèng Ngalaga kagyat ngandika arum | hèh sira pangantèn prapta | paran ta yêktining warti ||

2. Natabrata matur nêmbah | igihinggih. sampun lampah kawula prapti | ing ngabyantara sang prabu | kang madêg bumi Pajang | nênggih èstu sutaning Amral satuhu | pan dede raka paduka | kang pêksa ngakahi Jawi ||

3. wadyèng pasisir sadaya | samya nungkul dhatêng sang madêg aji | Natèng Ngalaga myarsatur | andik pasuryanira | jajanyabrit mukanira dahat rêngu | asru dènira ngandika | yèn mangkono wong Matawis ||

4. yèn wus samêktèng ayuda | Môndhalika nuli bêdhola baris | saolèh-olèh sun mukul | sayêkti sun tan rila | tanah Jawa yèn wong sabrang kang angrêngkuh | suka ngong sirnèng palagan | anglabuhi tanah Jawi ||

5. Môndhalikatur pranata | abdi dalêm pun Natakusumèki | gusti kesah wau dalu | sasuta dharanira | katalika dhatêng ing Pajang pukulun | Natèng Ngalaga kampita | ing wardaya ngandikaris ||

6. pan wus karsaning Hyang Suksma | adhi Natakusuma slayèng kapti | iya apa kang winuwus | payo wadyèng Mataram | Môndhalika Gajah Pramoda dèn gupuh | gonira sayagèng yuda | nayaka tri nêmbah mijil ||

7. praptèng

--- 13 : 41 ---

jawi undhang-undhang | wong Mataram otêr anata baris | sigêgên ingkang winuwus | Pangran Natakusuma | praptèng Kartasura wau lampahipun | wus katur marang narendra | ingandikan ing narpati ||

8. sri narpa duk sinewaka | punggawandhèr munggèng ing pôncaniti | tata punggawa gung-agung | Pangran Natakusuma | dyan asèlèh curiga tumamèng ngayun | manêmbah ngaras suku sang | sri narendra ngandikaris ||

9. hèh sira Si Hônggayuda | baya sira dinuta mring si adhi | Natakusuma wotsantun | inggih amba priyôngga | pêjah gêsang pun patik katurèng prabu | arinta Natèng Ngalaga | kenging pambangusing dasih ||

10. datan arsa sumiwia | ing paduka kêdah ngrabasèng jurit | mila kawula pukulun | tur pêjah ing narendra | dene datan kèdhêp angaturi atur- | ira kang madêg Mataram | sang nata tibra myarsangling ||

11. ngungun tan sipyèng wardaya | sang narendra ngandika mring apatih | hèh Nrangkusuma dèn gupuh | suwarèng wadya-wadya | samêktaa ing ayuda karsaningsun | adhi mas ing Kapugêran | ingsun tindaki pribadi ||

12. apatih nêmbah sandika | sang nalendra kondur malêbèng puri | ya ta wau kang winuwus | kang maksih panangkilan | radèn patih tuwin punggawa gung-agung | budhal saking panangkilan | samakta angati-ati ||

13. dipati môncanagara | myang pasisir samya sayagèng jurit | datan kawarna ing dalu | enjing pra adipatya | saha bala saos munggwing [mung...]

--- 13 : 42 ---

[...gwing] alun-alun | gêgaman abra asinang | dinulu lir prawatagni ||

14. kang dwaja awarna-warna | sowang-sowang sagunging pra dipati | ana kang atunggul wulung | sira wanara pêthak | wênèh tunggul seta cinirènan dadu | taksaka apêpulêtan | ana kang atunggul putih ||

15. ciri bang pêdhang dulpakar | kêkôndhabang asri cinirèn kuning | têtirah bala sarèwu | tunggul ijo ciri bang | pan winarna singa krodharsa anubruk | tunggul dadu ciri pêthak | wanèh rêkta ciri rangdhi ||

16. amyang busananing bala | warna-warna panganggoning prajurit | anglir puspanjrah dinulu | asri awijan-wijan | tan kênawor sagung prawara nung-anung | atata munggwing pasowan | mantri lit nindhihi baris ||

17. gêgaman ing jro wus mêdal | jagasura lawan wong judhipati | wadya saragni wus kumpul | dwaja gula kalapa | wong kaparak sawontêne kang wus kumpul | tan lali sêsikêpira | maksih kèh kang nèng Matawis ||

18. miyos Prabu Amangkurat | abusana wau cara Kumpêni | akêkaos asêpatu | rasukan lapis tiga | bêlah jaja baludru rinenda murub | mojah sinujyèng toya mas | kinatimang mas cinawi ||

19. abêbadhong susun tiga | têtirahnya sinawur ing rêtnadi | abra ujwala lir daru | arja akuluk cabang | tinatrapan ing mas jingga akarêpus | ywan tinon saking mandrawa | lwir gurnadur angajawi || [|...]

--- 13 : 43 ---

[...|]

20. anyuriga pêdhang usar | anggarnyabra binrayut ing mas adi | têbah jaja tali rukuh | rinante ring mas jingga | kinakonang ing sêsotya abra murub | sang prabu munggwing dhêdhampar | kucêm kwèh wadya aniwi ||

21. mawor kênyaring busana | angênguwung barung cahya narpati | sri narendra ngandika sru | maring rêkyana patya | Nrangkusuma payo anêtêga gupuh | têngara wong arsa budhal | sigra dyan patih wotsari ||

22. saksana nêmbang têngara | gra gumuruh otêr wadya kang baris | gumrudug swaraning tambur | budhal panganjuring prang | Mangkuyuda myang Natayuda tinuduh | sawadya lumakyèng ngarsa | Arya Sindurja nambungi ||

23. nulya Dipati Urawan | kang ing wuntat wong pasisir nambungi | gêgaman abra dinulu | ya ta sang sri narendra | awahana kuda ulês gula gêmpung | pun Kalamarcu namanya | ingapit wong magêrsari ||

24. budhal saking panangkilan | munggwing ngarsa sagung wong judhipati | wadya Kumpêni nèng pungkur | rumêksa ing narendra | pra dipati môncanagara sumambung | tan winarna lampahira | ing ênu Drêsanan prapti ||

25. panganjurira wus prapta | anèng Gondhang dènnya atata baris | wadya wurahan atêpung | lan unggyaning narendra | tundha-tundha lampahe wadyabalagung | mangkana ingkang winarna | Prabu Ngalaga Matawis ||

--- 13 : 44 ---

81. Wadya Kalagan pêrang kalihan wadya Kartasura

26. enjing sinewakèng bala | Arya Môndhalika matur wotsari | ambatur uningèng prabu | mêngsah paduka mêdal | saking kitha sutaning Amral wus rawuh | ing Drêsanan barisira | bala sabrang warni-warni ||

27. pan têlik kawula prapta | panganjure ing Gondhang dènnya baris | aran pun Mangkuyudèku | lawan pun Natayuda | anakipun pun Wôngsacitra ing Kêdhu | kalih kinarya bupatya | bèbète wong dhudhuk gangsir ||

28. lan pun Arya Sindurêja | pun Gêndhowor suwita ing Kumpêni | ya ta ngandika sang prabu | iku yèn wus samêkta | Môndhalika lan Si Gajah Pramodèku | nindhihana wong pangarsa | baris atugur ing Taji ||

29. paronên wadyèng Mataram | lah adunên pagutna ing ajurit | nayaka kalih wotsantun | inggih gusti sandika | nadyan silih lêbura dèn kadi awu | anèng madyaning palagan | datan gumingsir kang abdi ||

30. anglampahi karya nata | sukur gusti pêjah ngayahan jurit | kawula pan sampun tuwuk | inggih ingkang kêkucah | swargi rama paduka mangke tumurun | amomong paduka nata | pêjah ingayahan jurit ||

31. Prabu Ngalaga ngandika | sun tarima prasêtyanira kalih | saksana sarêng wotsantun | lèngsèr saking ngayunan | praptèng jawi samakta nata wadyagung | pinilih wadya Mataram | budhal panganjuring [pa...]

--- 13 : 45 ---

[...nganjuring] jurit ||

32. ingkang sapalih binakta | kang saparo rumêksèng sri bupati | gêgaman sampun akumpul | budhal saking nagara | pan gumrêgut wong Mataram tandangipun | gêgaman abra asinang | panganjuring prang dalidir ||

33. tumênggung Gajah Pramoda | lawan Arya Môndhalika ing wuri | ginarêbêg kadangipun | pratmaja myang waraga | sampun praptèng Parambanan lampahipun | panganjurira wus prapta | ing Taji atata baris ||

34. kang maksih nèng Parambanan | Môndhalika lan Gajah Pramodèki | nahan gantya kang winuwus | Sang Prabu Amangkurat | praptèng Gondhang lampahing wadya gumuruh | jêng sinuhun masanggrahan | kang pangarsa sampun prapti ||

35. Kamalon Ki Mangkuyuda | Natayuda myang Arya Sindurjèki | samya kèndêl akêkuwu | dene wadya Kalagan | sampun mêdal saking nagara amêthuk | anèng Taji barisira | dadya yun-ayunan jurit ||

36. lawan wadyèng Kartasura | wong Kalagan sigra dènnyatur paksi | mring Arya Môndhalikèku | tuwin Gajah Pramoda | lamun mêngsah wadyèng Kartasura rawuh | cucuking yuda malatar | ing Kamalon dènnya baris ||

37. kapintarya Môndhalika | dèn suwarèng wadya amêpak baris | tuwin Gajah Pramodèku | pan sampun asayaga | saha wadya tangara bêndhe angungkung | kumêrap wadyèng Kalagan | Ki Arya Môndhalikaglis ||

38. budhal saking ing Prambanan | myang Tumênggung Gajah Pramodèng [Pra...]

--- 13 : 46 ---

[...modèng] wuri | swaraning bala gumuruh | praptèng Taji atata | sira Arya Môndhalika myang Tumênggung | Gajah Pramoda karsanya | baris pangarsa ginitik ||

39. sirarya sigra têngara | dyan mawantah krura wadyèng Matawis | wadya Kartasura dulu | yèn mungsuhira mangsah | gugup mêdal saking pakuwon gumuruh | ambalabar ngara-ara | ya ta acampuh kang jurit ||

40. ramya swaraning sanjata | wadyèng Kartasura sayakèh prapti | wadyèng Kalagan mangamuk | Ki Arya Môndhalika | gya angirid bala kanan kang tinêmpuh | angrêmpak mangrurah lawan | wong Kartasura nadhahi ||

41. tumênggung Gajah Pramoda | wus angirid bala anêmpuh keri | mangamuk sawadyanipun | bagna kang katarajang | Môndhalika wuru ing pangamukipun | tan jrih sakwèhning sanjata | tan myat ing warastra lungid ||

42. dhadhal baris Kartasura | kathah pêjah malêdug saha ngisis | angungsi ing baris agung | prajurit tri Ki Arya | Sindurêja kalawan Mangkuyudèku | myang Natayuda wus prapta | ing Gondhang katur narpati ||

43. yèn wadyèng Mataram mêdal | saking kitha mangsah mangamuk wani | dhadhal kang baris pangayun | sigra nata ngandika | kang tinuding Dipati Surabayèku | sagung pasisir sadaya | tuwin wong môncanagari ||

44. sampun atangara bubar | saking Gondhang sagung wadyèng pasisir | gêgaman abra dinulu | tuwin môncanagara | kawuwusa wadya ing Mataram wau | ing Kamalon wus kancikan | prasami atata

--- 13 : 47 ---

baris ||

45. wadyèng Kartasura prapta | wong pasisir tuwin môncanagari | ing Kamalon sigra campuh | lawan wadyèng Kalagan | suraknyawor têngara bêndhe angungkung | wong Mataram yudanira | lwir andaka tawan kanin ||

46. tumênggung Gajah Pramoda | ngirid bala nêmpuh pangawat keri | sawadyanira gya magut | gusis kang tinarajang | Arya Môndhalika sawadya anêmpuh | arame dènira yuda | wong Mataram ambêg pati ||

47. mungsuh sangsayakèh prapta | wong Mataram karoban ing ajurit | nanging tan anêdya kondur | mangrêmpak ngamuk rampak | lwir danawa mêmangsa ing tandangipun | tan jrih binendrong sanjata | tan amyat warastra lungid ||

48. wadyèng pasisir kèh pêjah | pra dipati samya ngawaki jurit | Tumênggung Surabayèku | Japara myang ing Dêmak | sarêng nêmpuh wuri kang wadyakèh rawuh | kang abantu ing ayuda | wong Mataram kapalipis ||

49. Tumênggung Gajah Pramoda | pan kalojok kalingkung ing ajurit | kinarubut ing wadyagung | ingudanan sanjata | sinawuran ing lêmbing pasêr myang busur | Tumênggung Gajah Pramoda | tiba saking ing turanggi ||

50. pan maksih amungku watang | kulitipun tan pasah dening mimis | nanging bêbalung ngalumpruk | ginêpyok ganjur watang | Ki Tumênggung Gajah Pramoda wus lampus | tumpês lan sakadangira | dhadhal baris ing Matawis ||

51. sira Arya Môndhalika | ngirid bala mangsêr têtulung

--- 13 : 48 ---

jurit | nanging karoban ing mungsuh | binendrong ing sanjata | Môndhalika wadyanira akèh lampus | kasaput ing dalu sira | mundur kalih kang ajurit ||

52. samya mantuk ing kuwunya | Môndhalika agunêm lan pra mantri | Dêmang Kalêng asru matur | yèn suwawi ki arya | dawêg mundur atur uninga sang prabu | yèn Gajah Pramoda pêjah | lan wadyakèh angêmasi ||

53. angling Arya Môndhalika | datan arsa ingsun mundur ing wèsthi | mung sira bae ngong utus | matura ing sang nata | lamun adhi Gajah Pramoda kapupu | Dêmang Kalêng sigra mêsat | sêdya lumampah ing ratri ||

54. ing dalu datan kawarna | lampahira enjing praptèng Matawis | ya ta gantya kang winuwus | Sang Prabu ing Ngalaga | enjing miyos sinewaka ing wadyagung | pêpak andhèr ing ngayunan | santana myang para mantri ||

55. Pangran Pamênang nèng ngarsa | Radèn Rôngga lan Radèn Wiramantri | Natabrata munggèng ngayun | Ngabèi Jagabaya | Arya Tambakbaya myang Surajayèku | Dêmang Kalêng lampahira | wus prapta ngarsèng narpati ||

56. kampita Natèng Ngalaga | Dêmang Kalêng umatur saha bêkti | yèn Gajah Pramoda lampus | nèng madyaning palagan | wadya rusak dening karoban ing mungsuh | pun Ariya Môndhalika | kathah wadyane ngêmasi ||

57. nanging tan arsa gingsira | abdi dalêm Môndhalika bêk pati | asru ngandika sang prabu | Kalêng enggal nulaka | timbalana Si Môndhalika dèn gupuh |

--- 13 : 49 ---

bêsuk angantêpa yuda | yèn parêk kalawan mami ||

58. yèn kongsi kaparèng tiwas | de Si Gajah Pramoda wus ngêmasi | Dêmang Kalêng awotsantun | lèngsèr saking ngayunan | sigra mêsat tan kawarna lampahipun | wus prapta ing pabarisan | ki arya wus dèn timbali ||

59. budhal Arya Môndhalika | wadya Kartasura samya miyarsi | ingusir bala Matarum | ayuda urut marga | wong Kalagan dènira angundur-undur | kèndêl anèng Pajarakan | wong Kartasura abaris ||

60. têtindhih Arya Sindurja | Mangkuyuda lawan Natayudari | Prabu Mangkurat winuwus | budhal saking ing Gondhang | swaraning kang wadyabala tri gumuruh | anglir kocaking hèrnawa | untabe kagiri-giri ||

61. ing ênu datan winarna | kèndêl anèng Parambanan saratri | enjange budhal sang prabu | nahan kang kawuwusa | Natèng Laga enjing amêpak wadyagung | santana punggawanira | saha wadya munggèng ngarsi ||

62. Pangeran Arya Panular | myang Pangeran Pamênang munggèng ngarsi | Ki Arya Tambakbayèku | lan Arya Surajaya | Wiramantri Dêmang Jagabayèng ngayun | tuwin Arya Natabrata | Ki Môndhalika wus prapti ||

63. matur yèn mêngsah tut wuntat | sri narendra sigra nêmbang têngari | swaraning wadya gumuruh | ing alun-alun aglar | pra nayaka anata gêgamanipun | Prabu Ngalaga ngandika | mring Arya Môndhalikaris ||

64. hèh ta paran karsanira |

--- 13 : 50 ---

Môndhalika goningsun mapag jurit | Môndhalika nêmbah matur | yèn suwawi sang nata | amiliha papan kang ripak pukulun | de mungsuh dalêm akathah | amrih lindhunging ajurit ||

65. yèn paduka prang awiyar | abdi dalêm kêdhik pan kapalipis | wadya tan angsal pukulun | aso nata ngandika | apan ingsun tan apilih papan iku | apa sukane ing mêngsah | ingsun têka anadhahi ||

66. yèn èstu dudu kakang mas | mungsuh iki pasthi ingsun tanggêni | lêbur ing madyaning pupuh | anglabuhi rat Jawa | iya lamun anaking Amral satuhu | nadyan ngong awor pratala | nora sêdya sun unduri ||

107. Durma

1. kawarnaa wau Sang Prabu Mangkurat | saha bala wus prapti | wotgalih barisnya | sigra anata bala | pangawat kanan lan keri | kang munggwing kanan | sagung wadyèng pasisir ||

2. ingkang munggèng ing keri môncanagara | sagung para dipati | wadyèng Kartasura | ingkang minôngka dhadha | kalawan wadya Kumpêni | sri naranata | munggwing wurining baris ||

3. pra dipati sadaya samya ngandikan | praptèng ngarsa narpati | Rahadèn Apatya | Anrangkusuma lawan | Ki Arya Sindurêjèki | myang Adipatya | Urawan mungging ngarsi ||

4. Wiradigda lan Tumênggung Mangkuyuda | tuwin Natayudari | myang dipatyèng Sampang | pasisir sakancanya | tuwin kang para dipati | môncanagara | munggwing ngarsa narpati ||

5. angandika sang nata mring radèn patya | paran wartane [warta...]

--- 13 : 51 ---

[...ne] yayi | Nrangkusuma nêmbah | nênggih rayi paduka | sêdya angawaki jurit | wadya malatar | ing alun-alun baris ||

6. èstu lamun anarka sutaning Amral | supe yèn kadang yêkti | mèsêm sri narendra | alon dènnya ngandika | mring sagunging pra dipati | mêngko yèn aprang | dèn padha ngati-ati ||

7. bokmanawa yayi mas ngawaki yuda | ajana kang nanggêni | mireya kewala | amung balane padha | tumpêsên ywa ana kari | pan iku padha | kang bêbangusi adhi ||

8. pira kèhe wong Mataram kang kinarya | punggawa marang yayi | sigra Adipatya | Urawan matur nêmbah | inggih kathah kang kinardi | pun Môndhalika | amungkas saniskalir ||

9. pan kasaru praptane wadyatur wikan | aturirèng narpati | yèn wadyèng Kalagan | sumahab samya mêdal | anêmpuh wadya pangarsi | lir singa krodha | ngandika sri bupati ||

10. alah payo sagunging para dipatya | anindhihana baris | wadya sowang-sowang | poma dèn aprayitna | dèn awas marang si adhi | sarêng anêmbah | mundur saking ngarsaji ||

11. anindhihi ing wadyane sowang-sowang | ya ta wadyèng Matawis | Arya Môndhalika | panganjuring ayuda | Pangran Panular têtindhih | Natèng Ngalaga | maksih munggwing sitinggil ||

12. wus anêmpuh wadyèng Mataram sumahab | umung têngara mlingi | gumrêgut tandangnya | nêmpuh pangawat kanan | lir prahara nêmpuh wukir | umung kang surak |

--- 13 : 52 ---

wong Matarambêg pati ||

13. tinadhahan dening wadya Kartasura | rame dènira jurit | swaraning sênapan | lir galagah katunwan | wau Natèng Ngalagadi | nèng sitibêntar | kinubêng ing prajurit ||

14. kodhokngorèk tabêhan asru tinêmbang | ya ta wau kang jurit | Arya Môndhalika | nênggih pangamukira | wong Mataram golong pipis | kang katarajang | môncanagara ngisis ||

15. ngiwat-ngiwut pangamuke Môndhalika | anglir andaka kanin | saha wadyanira | binendrong ing sanjata | dening sagung wong pasisir | Ki Môndhalika | wonge wus kèh ngêmasi ||

16. Mangkuyuda lan Tumênggung Natayuda | myang Arya Sindurjèki | marakakên bala | anglambung Môndhalika | kalojok dènira jurit | wuri kènêban | dening wadya pasisir ||

17. têtindhihe Pangran Panular kesisan | gêgêr nèng wuri têbih | Arya Môndhalika | liwung pangamukira | wong pasisir kèh ngêmasi | Ki Môndhalika | sayah karoban jurit ||

18. wadyanira Môndhalika akèh pêjah | watara ingkang kari | warganya sadaya | apan kinandhang-kandhang | sinawuran busur lêmbing | sing keri kanan | saya awuru ngungkih ||

19. lir danawa mêmôngsa pangamukira | sing katrajang mangisis | ing wuri kèh prapta | nginêbi keri kanan | sinosog ganjur myang lêmbing | Ki Môndhalika | sampun anandhang kanin ||

20. sira Arya Môndhalika alon mojar | marang waraganèki |

--- 13 : 53 ---

bocah lumayua | aywa mèlu maringwang | pan ingsun tan nêdya urip | mung sêmbah ingwang | aturna marang gusti ||

21. sun têtêdha gusti ngong Natèng Ngalaga | tulusa mangkubumi | umadêg Mataram | abdine kang dadosa | bêbantên madyaning jurit | Ki Môndhalika | ngamuk sarya anangis ||

22. ya ta wau Sri Naranatèng Ngalaga | sampun ngaturan uning | lamun Môndhalika | rêmpu sawadyanira | myang Pangran Panular nênggih | sampun kesisan | mêngsah nglun marêpêki ||

23. Sang Aprabu Ngalaga asru ngandika | mring sagunging prajurit | Arya Tambakbaya | myang Arya Surajaya | Ngabèi Jagabayèki | lan Natabrata | myang Radèn Wiramantri ||

24. hèh prawira ingsun angawaki yuda | sagunging têngran mami | kang gula kalapa | salina kang anggawa | aja cinêkêl wong cilik | para dipatya | nyêkêla têngran mami ||

25. wus samêkta sagunging para punggawa | têdhak sri narapati | saking sitibêntar | sigra nitih turôngga | sumahab wadyèng Matawis | lwir wardu angga | wong Bagêlèn dhingini ||

26. turônggabang titihanira sang nata | aran pun Kamasari | binusanan mubyar | winorah-warih pita | ararab baludru wilis | palisirira | cindhe bang puspitadi ||

27. bêbungkul mas sêkar mas tulya rinêngga | ubêng-ubêng cinawi | mas ulur-ulurnya | sinilih asih abra | aèbèg garudha asri | cinêplok mubyar | wêwangkong manik warih ||

28. Narpati Ngalaga

--- 13 : 54 ---

busananirendah | bajo baludru randhi | binalênggi mubyar | sinuji têtirahnya | akancing hèr laut adi | amyang ing jaja | lancingan pinapanji ||

29. apaningsêt tambe surati rinêngga | dhêsthar gonje kinitir | mubyar tatalyabra | muncar akêthap-kêthap | ujwalanira nêlahi | asarawungan | lan pêkiking narpati ||

30. datan môntra-môntra janma madyapada | lwir hyang asmarèng swargi | apan sri narendra | ayuswa tri dasastha | sêdhêng muwahing apêkik | mêmpêng kasuran | berag sêdhêng ing kardi ||

31. anyuriga dhuwung Kya Maesanular | Kya Palèrèd ingampil | ngarsanya tan têbah | kumrutug wadyanira | saking alun-alun mijil | lir gunung sêkar | abra busana jrihi ||

32. dyaDyan. Pangeran Pamênang agurawalan | umatur ing narpati | anggèr yèn sêmbada | sampun paduka mêdal | mêmpêna ing pôncaniti | sagung sanjata | pinapagakên jurit ||

33. kyai Gunturgêni myang Kyai Subrastha | Sagarawana malih | myang Kumbarawi Kumba |Lebih satu suku kata: Kumbarawi Kumba. Pamêcut ingisenan | punika lamun suwawi | ingangge yuda | ngandika sri bupati ||

34. inggih paman pakênira kang prayoga | mriyêm ingkang nunggoni | pan manira paman | ngrêbut Si Môndhalika | yèn mangke kasor ing jurit | rusaking bala | wontêna kang dèn ungsi ||

35. wus angantun wau Pangeran Pamênang | wong saragni sapalih | mriyêm kang jinaga | pan sampun ingisenan | ya ta

--- 13 : 55 ---

wau sri bupati | praptèng payudan | sigra anata baris ||

36. wadyèng Kartasura mulat mungsuh prapta | sumahab wong Matawis | mundur sanalika | wadya ing Kartasura | nging Môndhalika wus mati | murda tinigas | katur ing Sri Bupati ||

37. Prabu Amangkurat langkung tusthanira | dening katurirèki | yèn Ki Môndhalika | pamungkas aniskara | kang ambangus mring kang rayi | murda wus kinwan | manjêr têngahing baris ||

38. Natèng Ngalaga sampun ngabani bala | sumahab nêmpuh jurit | campuh ing ayuda | tadhah wong Kartasura | wong Kalagan golong pipis | surak lir gêrah | awor swaraning bêdhil ||

39. pan kotbuta tandange mantri Kalagan | pra mantri angawaki | ramya ingkang yuda | kadya hèrnawa bêna | angrog gadêbêging wajik | ywan kapiyarsa | kadya ngobahna bumi ||

40. astra caruk awor swaraning sênapan | lir galagah kabêsmi | wadyèng Kartasura | pangarsanira bubrah | môncanagara pasisir | pating sulayah | wanèh kang nandhang kanin ||

41. carub awor kang mungsuh kalawan rowang | gantya ungkih-ingungkih | kang prawirèng rana | ngamuk atilar bala | apanggih padha prajurit | rêmpu kang watang | banjur agênti kêris ||

42. para punggawa prajurit sarêng mangsah | sagung wadyèng pasisir | adipatyèng Dêmak | Kudus Pathi Japara | Tuban Sidayu Garêsik | tuwin Lamongan | Madura Surawèsthi ||

43. pan sadaya sami angawaki yuda | pasisir

--- 13 : 56 ---

kilèn sami | myang môncanagara | tuwin wong Kartasura | pra dipati angawaki | campuh ing yuda | lir robing jalanidhi ||

44. kêndhang gong wor tambur gumrudug swaranya | myang pangriking turanggi | kriciking warastra | myang krêbêting lalaywa | lan pangadhuhing akanin | tanpa parungwan | lir rug-ruging Marapi ||

45. ramening prang tambuh mungsuh lawan rowang | wong Kalagan kalindhih | pan kawratan lawan | kadya sasapu wudhar | rêmpu akathah ngêmasi | wadyèng Kalagan | pra mantri ngungsyèng gusti ||

46. pan angisis kang wadyalit ing Kalagan | duka sri narapati | Prabu Ing Ngalaga | sigra mundhut ampilan | Kyai Palèrèd pinandhi | ngêtab turôngga | nirig pun Kamasari ||

47. wong Kalagan sakarine ingkang pêjah | ingkang lumayu bali | kotbuta tandangnya | sagung para prawira | pamulih manêmpuh wèsthi | suka pêjaha | anèng ngarsaning gusti ||

48. Arya Tambakbaya Arya Surajaya | lan Arya Wiramantri | Arya Natabrata | Ngabèi Jagabaya | Dêmang Kalêng lan Ngabèi | Bocor myang Dêmang | Mataun sarêng pulih ||

49. anglir singalodra pra mantri Kalagan | tan myat warastra lungid | Pangeran Panular | munggwing wurining raka | saha wadya golong pilis | wong Kartasura | panggah dènnya nadhahi ||

50. anêmpuh byat para mantri ing Kalagan | lir banthèng tawan kanin | manumbak mangrêmpak | wong Bagêlèn tandangnya | kumroyok apindha bêlis | numbak anigas |

--- 13 : 57 ---

manuduk mangakahi ||

51. giris mulat wadyagung ing Kartasura | malêdug pan angisis | kang panggah kèh pêjah | wadya môncanagara | tuwin wadya ing pasisir | para dipatya | lumayu tan apulih ||

52. Ki Dipati Urawan mulat bramatya | kang mlayu dèn adhangi | kang samya narajang | ngarsanya Sri Narendra | Prabu Mangkurat umaksi | yèn pra dipatya | samya lumayu ngisis ||

53. ngandikasru Sang Aprabu Amangkurat | marang rêkyana patih | hèh Anrangkusuma | lah sagung pra dipatya | wadyèngong nom-anom iki | wong jagasura | lawan wong judhipati ||

54. tindhihana pagutêna ing ayuda | dyan sagung pra dipati | umangsah sumahab | lawan wong jagasura | judhipati mangsah jurit | campuh ing yuda | rame ungkih-ingungkih ||

55. wong Kalagan wus liwung pangamukira | gustinya anindhihi | Prabu Ing Ngalaga | nèng wuri mandhi watang | tan arsa mundur sanyari | wadyèng Kalagan | krodha mangraup gêtih ||

56. pinaranggul dening wadya jagasura | lawan wong judhipati | tuwin pra dipatya | nanging maksa dèn idak | wong Kalagan wuru gêtih | wong jagasura | rusak akèh ngêmasi ||

57. giris mulat mawur wadya jagasura | tuwin wong judhipati | ya ta Ki Dipatya | Urawan awas mulat | yèn Natèng Nglaga nindhihi | wurining bala | Ki Palèrèd pinandhi ||

58. gurawalan sira Dipati Urawan | prapta ngarsaning Gusti | Prabu Amangkurat | Urawan ngrangkul [ngrang...]

--- 13 : 58 ---

[...kul] pada | umatur sarwi anangis | rayi paduka | gusti ngawaki jurit ||

59. milanipun yudane wadyèng Kalagan | tan kenging dèn tanggêni | angidak kewala | dening ta ri paduka | nindhihi wurining dasih | munggwing turôngga | Ki Palèrèd pinandhi ||

60. dhuh suwawi gusti paduka cucula | busana dalêm gusti | kang cara Walônda | ngagêma cara Jawa | manawi rinta narpati | supe yèn kadang | satêmah anglarihi ||

61. pan kadhahar aturira Ki Urawan | sigra cucul sang aji | sêpatu rinucat | karêpus wus binucal | tuwin pêdhang lan kulambi | wus ngagêm Jawa | ngandika sri bupati ||

62. hèh piyaka sagunging para dipatya | ajana ngarsa mami | dimène yayi mas | prapta ing ngarsaningwang | pra dipati nganan ngeri | wus kinèn têbah | sagung wadya Kumpêni ||

63. para mantri Kalagan pangamukira | praptèng ngarsa Narpati | Prabu Amangkurat | ya ta wadyèng Kalagan | samya dulu songsong kuning | mangu sadaya | kèndêl dènira jurit ||

64. katingalan dènira Prabu Ngalaga | ngandika sri bupati | hèh bocah paran ta | mandhêg denira yuda | dene mungsuh wus kalindhih | gya Tambakbaya | umatur ing narpati ||

65. adhuh gusti wontên kang asongsong jênar | kinubêng ing prajurit | magêrsari kapang | saupacaranyabra | marma abdi padukajrih | asru ngandika | Prabu Ngalaga andik ||

66. hèh piyaka sakèhe mantri punggawa | ajana ngarsa mami | gya nèng keri kanan | iku sutaning [suta...]

--- 13 : 59 ---

[...ning] Amral | kang paksa ngrurah rat Jawi | mêngko sun karya | warangkane kiyai ||

67. wus tinarik Ki Palèrèd sarungannya | sarwi ngandika aris | sun jaluk karyanya | sapisan iki uga | makanna sutèng Kumpêni | ngêtab turôngga | watang pinangkwèng ngarsi ||

68. sigra nandêr turôngga pun Kamasêkar | praptèng ngarsa rakaji | Prabu Ing Ngalaga | sampun anyandhêt kuda | wau kang asongsong kuning | dèn ulap-ulap | tan samar ing pangliring ||

69. èstu lamun kang raka Pangran Dipatya | sigra dènnya wotsari | saking luhur kuda | ya ta Prabu Ngalaga | ambalikakên turanggi | sarwi ngandika | payo bocah dèn aglis ||

70. iya nyata wakane ika kang prapta | sigra nabêt turanggi | Nata Ing Ngalaga | lumaywa saha bala | Prabu Mangkurat udani | anglir tinêbak | ing mong tuna sang aji ||

71. sakalangkung onênging driya sang nata | mèsêm waspanya mijil | adhuh yayi êmas | tuhu anut ing wadya | anêdya lali ing mami | angawe bala | kinèn samya nututi ||

72. dyan kumrutug sagunging para punggawa | pan kadya ngiring-iring | saking doh kewala | tan wontên kang parêka | ya ta wau Sri Bupati | Natèng Ngalaga | ngandika marang dasih ||

73. Dêmang Kalêng sunga wruh paman Pamênang | yèn ingsun anggingsiri | dene ta kang mêngsah | èstu lamun kakang mas | yèn arsa milwa ing kami | enggal nusula | sigra dêmang wotsari ||

74. ngêtab kuda mamprung ngalun-alun [ngalun-a...]

--- 13 : 60 ---

[...lun] prapta | ki dêmang wus apanggih | lan Pangran Pamênang | andhawuhkên andika- | nira wau sri bupati | kagyat Pangeran | Pamênang sru dènnyangling ||

75. gih ki dêmang nadyan manira nusula | yèn mariyêm wus muni | ya ta kawarnaa | ingkang gingsiri yuda | loring alun-alun prapti | mingêr mangulwan | sawadya dènnya laris ||

76. ingkang anututi wadyèng Kartasura | lor ngalun-alun prapti | Dyan Pangran Pamênang | sanjata sinumêdan | wau Kyai Gunturgêni | tuwin Subrastha | Pamêcut sarêng muni ||

77. myang Sagarawana lwir galudhug sasra | gêmpang wadyèng pasisir | ingkang katarajang | miwah môncanagara | wong Kartasurakèh mati | gundam lumaywa | sakarine kang kanin ||

78. sigra Pangran Pamênang budhal saksana | tumutur ing narpati | saha wadyanira | wus prapta jawi kitha | wus apanggih lan sang aji | Pangran Pamênang | matur sasolahnèki ||

79. amiyarsa mèsêm Prabu Ing Ngalaga | sigra sarêng lumaris | gumuruh kang bala | ing Baglèn jujugira | pan maksih alampah baris | ya ta wus prapta | dhusun ing Kawisinggil ||

80. apan rêrêp sang nata apirêmbagan | ya ta wau kawarni | Prabu Amangkurat | kutha Palèrèd prapta | duka yèn wadyakèh mati | katur Pangeran | Pamênang kang bêdhili ||

81. Kyai Gunturgêni wau kang kinarya | marma wadyakèh mati | ya ta sri narendra | runtik sadalêm ing tyas | sampun [sampu...]

--- 13 : 61 ---

[...n] amatah prajurit | kinèn ngungsira | ing lampahnya kang rayi ||

82. kang kinarya têtindhih Ki Mangkuyuda | lawan Natayudari | budhal saha bala | ya ta Prabu Mangkurat | pan arsa kondur tumuli | mring Kartasura | budhal lir dhandhang atri ||

108. Dhandhanggula

1. ênêngakêna ingkang lumaris | kawarnaa Prabu Ing Ngalaga | ingkang maksih nèng Bagêlèn | siniwakèng wadyagung | apan lagya gunêm prakawis | kalawan ingkang paman | kang tansah tinantun | sira Pangeran Pamênang | lan kang rayi Pangeran Panular nênggih | sang nata angandika ||

2. kadipundi paman rèh puniki | yèn anggunga ingsun mêmungsuhan | pasthi yèn kasoran bae | dene ta kakang prabu | sugih bala kanthi Kumpêni | pangeran ing Pamênang | alon aturipun | anak prabu yèn sêmbada | ing Salinga wontên wong umadêg baris | dibya prawira guna ||

3. yèn suwawi paduka panggihi | amundhuta karyane sapisan | lan ingêbang sapatute | yèn angentasi kewuh | sanggup milwèng karya narpati | ya ta sagung prawira | angiyêgi atur- | rira Pangeran Pamênang | yèn suwawi ingayonan raka aji | inggih sapisan êngkas ||

4. wus arêmbag budhal sri bupati | saking Bagêlèn sabalanira | maring Salinga karsane | sigêgên kang lumaku | wontên ingkang winuwus malih | nênggih wontên karaman | aran Raja Namrud | umadêg anèng Salinga |

--- 13 : 62 ---

wong têngahan lêlêdhok samya ngabêkti | ingakên raja-raja ||

5. sira Namrud wus miyarsa warti | lamun Prabu Ing Ngalaga têdhak | badhe ngungsi ing dhèwèke | amêpak wadya sampun | kang têngran umbul-umbul waring | watara cacahira | dêdamêle Namrud | kalih èwu rucah-rucah | sampun budhal amêthuk ing sri bupati | warnanên Natèng Laga ||

6. saha bala lampahira prapti | ing Salinga apan uwus panggya | kalawan Sang Namrud age | ya uluk salamipun | ya ta Namrud angrangkul gipih | dhuh sutane pun bapa | babo wong abagus | wong agung bancèr jalarat | mung cacade sawiji kasoran jurit | dhuh bapa eman-eman ||

7. angungsia pun bapa kariyin | enggal wayah wus mênang ayuda | mung kari ngeca-ecane | tulus jumênêng ratu | yèn pun bapa milwa adhingin | ayuda lan kang raka | myang Walônda iku | ngong gêtaka bae minggat | sigra ingaturan wau sri bupati | marang kadhatonira ||

8. tan kawarna kang anèng ing Mêsir | kawuwusa Prabu Amangkurat | pan sampun prapta lampahe | Kartasura ngadhatun | ya ta wontên caraka prapti | saking Ki Mangkuyuda | tur uninga wau | yèn kang rayi wus kantênan | Natèng Laga nèng Salinga madêg baris | Namrud bêbotohira ||

9. dene wadyabala kang angungsir | Mangkuyuda lawan Natayuda | abaris bumi Bagêlèn | ing Parapag atugur | duk miyarsa [miyar...]

--- 13 : 63 ---

[...sa] sri narapati | alon dènnya ngandika | adhuh ariningsun | Adipati Pugêr sira | lali têmên kêna pambangusing dasih | yèn awèt mangkenea ||

10. yêkti awèt rusaking kang bumi | lamun yayi mas awèt suwala | tan eca gon madêg rajèng | sang natagung mirangu | tikbraning tyas amung kang rayi | tan eca nadhah nendra | wau Sang Aprabu | Mangkurat gantya winarna | ingkang wontên Salinga sri narapati | sang Prabu Ing Ngalaga ||

11. sira Namrud ingkang ananggupi | anulusna adêgira nata | anirnakna sêsukêre | myang angrurah kadhatun | samangsane Namrud nanggupi | marma ingêla-êla | dènira sang prabu | tinariman kang santana | têtilare Pangeran Silarong swargi | kang kinarya ganjaran ||

12. pan kaprênah arine tumuli | dening sira Pangeran Pamênang | marma maludag surane | nanging ta sang aprabu | karsanira magut tumuli | lumaksanèng payudan | nanging sira Namrud | anggung samaya kewala | yèn ingatag budhal tansah nôngga krami | lami tanpa wêkasan ||

13. dadya kaku tyasirèng narpati | angundhangi para mantrinira | kinèn asiyaga kabèh | wadyèng Kalagan umung | para mantri atata baris | sigra Pangran Pamênang | sangêt aturipun | anak prabu dèn asabar | sabudine tinurut Namrud puniki | malah labuh ing karya ||

14. Natèng Ngalaga puwas ing galih | sigra budhal saha balanira | marang

--- 13 : 64 ---

Bagêlèn jujuge | ing Samalangu rawuh | apan sampun umadêg baris | Ki Arya Tambakbaya | kang kinarya tunggul | senapatining ayuda | Arya Surajaya Arya Wiramantri | myang Arya Natabrata ||

15. wadyèng Bagêlèn kathah kang prapti | seba ing Gusti saha warastra | sampun andadi barise | sigra budhal sang prabu | wadyèng Kartasura kang baris | kang tugur ing Parapag | pan sampun ginêpuk | dening Arya Tambakbaya | sakancane wong Kartasura udani | yèn Prabu Ing Ngalaga ||

16. anindhihi wurining kang baris | pan malêdug bala Kartasura | lumayu datanpa lèrèh | wadya Bagêlèn anglud | saparane pan atut wuri | wus prapta ing Mataram | maksih dèn bêbujung | Mangkuyuda Natayuda | anèng Pokak dènnya kèndêl tata baris | ya ta Prabu Ngalaga ||

17. rawuh Mataram samadya sasi | wong Mataram wus akathah prapta | kinêrig sadêdamêle | Pangran Panular sampun | kinarya têtindhihing jurit | tan kantun lan kang raka | saparannya tumut | anging Pangeran Pamênang | maksih kantun anèng Salinga abaris | milwa Namrud sarèhnya ||

18. apan arsa jinunjung narpati | marang Namrud Pangeran Pamênang | marmanyanut barang rèhe | ya ta wau Sang Prabu | Ing Ngalaga budhal tumuli | saking nagri Mataram | pan arsa umagut | amêrêp ing Kartasura | barisnyagêng kang manganjuri ring jurit | Ki Arya Tambakbaya ||

19. kang abaris ing Pokak [Po...]

--- 13 : 65 ---

[...kak] ginitik | tan adangu dènira ayuda | wong Kartasura dhadhale | wadyèng Kalagan anglud | ing Drêsanan pan sampun prapti | sinuk ing saparannya | wus prapta ing Sanggung | ingungsir malih lumajar | bala Kartasura lumabwèng nagari | gègèr katur ing nata ||

20. yèn kang rayi nèng Sanggung abaris | pan angêpung nagri Kartasura | wong desa wus mirud kabèh | samya prapta sêsuguh | apan lajêng tumut abaris | ya ta Prabu Mangkurat | ing nalika wau | siniwakèng panangkilan | pêpak andhèr sagunging para dipati | sang nata sru ngandika ||

21. siyagaa sagunging bupati | ingsun arsa mêtoni ngayuda | yayi mas sun panggihane | kang baris anèng Sanggung | ya ta sagung para Dipati | siyaga nata bala | swaranya gumuruh | otêr nagri Kartasura | ngalun-alun kèbêkan wadya kang baris | abra busana amyang ||

22. sigra nêmbang têngara sang aji | bêndhe tinitir munya angangkang | gong bèri umyang swarane | gumrudug ponang tambur | panganjuring yuda lumaris | sira Tumênggung Dêmak | myang Surabayèku | sumambung wadya Madura | sri narendra wus angrasuk busanadi | têdhak anêmbang durma ||

109. Durma

1. sri narendra sigra anitih turôngga | bêdhol sagunging baris | gumuruh swaranya | anglir samodra bêna | abra busananing dasih | yèn tiningalan | tan pendah prawatagni ||

2. panganjuring yuda ing Jabung wus prapta | ayun-ayunan jurit | lan wadyèng Kalagan |

--- 13 : 66 ---

Ki Arya Tambakbaya | myang Arya Surajayèki | gyatur uninga | yèn mungsuh agêng prapti ||

3. Natèng Laga dyan miyos anata bala | pangawat kanan keri | myang ing dhadha-dhadha | katur lamun kang raka | têdhak angawaki jurit | pinangku ngarsa | sagung wadya ti-ati ||

4. magêrsari ing kanan keri akapang | marapit pêdhang tamsir | myang wadya kaparak | kang ngampil babarkatan | Kyai Palèrèd tan têbih | munggèng ing ngarsa | sanjata kanan keri ||

5. awurahan para mantri nata bala | wong arahan pan sami | kinèn amisaha | amunggwing keri kabèh | kantun kang wadya ti-ati | aglar ing ngarsa | sagung têngran narpati ||

6. kang anyêkêl sadaya wus sinalinan | milihi para mantri | kang prakosa sura | kinèn nyêkêl bandera | tuwin kagungan narpati | gula kalapa | punggawa kang nyêkêli ||

7. kawarnaa Sang Aprabu Amangkurat | ing Jabung sampun prapti | amblabar kang wadya | nata gêlaring yuda | sagunging wadyèng pasisir | munggwing ing kanan | môncanagarèng keri ||

8. pra dipatyèng Kartasura munggwing dhadha | wuri wadya Kumpêni | wus ayun-ayunan | lan wadya ing Kalagan | sarêng anêmbang têngari | wadyèng Kalagan | kotbuta nêmpuh jurit ||

9. tinadhahan dening wadya Kartasura | anglir praharèng wukir | arame kang yuda | panggih samya prawira | wong Kalagan golong pipis | numbak angidak | kuwêl ungkih-ingungkih ||

10. pan gumuruh surak lor kidul sauran | lwir wanapringga bêsmi |

--- 13 : 67 ---

swaraning sanjata | myang kriciking warastra | awor pangriking turanggi | tanpa parungwan | pangadhuhing akanin ||

11. ramening prang wong cilik wus akèh pêjah | dhadha pangawat keri | wong môncanagara | malêdug asarsaran | wong arahan kang angungsir | bupatinira | ngungsi wurining gusti ||

12. wong pasisir angêbyuki saking kanan | wong Kalagan nanggêni | bubar ingamukan | tan amôngga puliha | wong pasisir kèh ngêmasi | wadyèng Kalagan | nêmpuh ngarsèng narpati ||

13. tandangira lir andaka tawan brana | kang gusti anitihi | wadyèng Kartasura | panggah dènira yuda | wadyèng Kalagan bêg pati | ngidak kewala | binendrong tan gumingsir ||

14. wong Kumpêni mingêr anadhahi ngarsa | pêtêng kukusing bêdhil | anglir ampak-ampak | Kumpêni pangêdrèlnya | wong Kalagan kèh ngêmasi | ing wuri prapta | pra mantri samya pulih ||

15. ngamuk rampak nurut kukusing sêndawa | lir singa krodha jrihi | rêmpu kang katrajang | ngisis wong Kartasura | pra dipati ngungsèng gusti | sampun anglela | wau sri narapati ||

16. amung kantun wadya Kumpêni kewala | munggwèng ngarsa narpati | maksih lêlumbungan | tan kêna cinoroka | ya ta kasaput ing ratri | Natèng Ngalaga | kondur dènira jurit ||

17. pan lumèrèg marang Kuwêl masanggrahan | saha wadyagung alit | ya ta kawarnaa | Sang Prabu Amangkurat | kondur rêrêp anèng Piji | Kya Adipatya | Urawan dèn timbali ||

--- 13 : 68 ---

82. Sinuhun Ngalaga dipun boyongi ingkang raka Sinuhun Mangkurat dhatêng Kartasura

18. praptèng ngarsanira sang nata ngandika | hèh Urawan dèn aglis | sira ingong duta | angipuk yayi êmas | aja mawa rowang siji | sira ngrojoda | Urawan gya wotsari ||

19. mundur saking ngarsanya sri naranata | cucul busana salin | Dipati Urawan | sampun nganggya momohan | akulambi cara santri | laju lampahnya | ing Kuwêl sampun prapti ||

20. pan gumêrah swaraning wadyèng barisan | ing wayah sirêp janmi | Dipati Urawan | pitêkur pinggir jurang | apan angantosi enjing | arsa tumama | ing dalu pan kuwatir ||

21. yèn ngantosa siyang pisan Ki Urawan | iya kalangkung watir | bok wontên uninga | marang ki adipatya | manawa winastan têlik | kandhêg ing jaba | pasthi yèn dèn patèni ||

22. bokmanawa nora kongsi asêsambat | nora katur ing gusti | Sinuhun Ngalaga | dadya Kyai Urawan | sadalu amêrêm mêlik | nèng pinggir jurang | samana bangun enjing ||

23. Ki Urawan marêpêki pasanggrahan | momor lawan pangarit | katuju samana | gamêl dalêm punika | Ki Urawan dèn takoni | rika wong apa | Ki Urawan nauri ||

24. ingsun iki gamêle Ki Tambakbaya | mêntas dipun gêbugi | purik ingong iya | arêp milu ing sira | yèn ingsun ana ing jawi | pasthi kacandhak |

--- 13 : 69 ---

têmah dèn pala malih ||

25. gamêl dalêm angrês manahe miyarsa | ingajak wus umiring | kinèn nyangking dhêdhak | wus praptèng pasanggrahan | warnanên sri narapati | anuju têdhak | mariksa kang turanggi ||

26. Ki Urawan kumêpyur dulu sang nata | sigra amarêpêki | praptèng ngarsanira | manêmbah ngrangkul pada | pan sarwi lara anangis | dhuh gustiningwang | kang abdi lir angimpi ||

27. kagyat mulat Sri Naranatèng Ngalaga | dinulu yèn Ki Sêndhi | Prabu Ing Ngalaga | alon dènnya ngandika | hèh bagea sira Sêndhi | apa karyanya | prapta lara anangis ||

28. Ki Urawan wotsêkar sarwi karuna | dhuh gusti sang apêkik | ulun pêjahana | yènta tuwan taksiha | asuwalèng karsa gusti | lawan rakanta | paran dadosing bumi ||

29. ing rat Jawi gusti sintên kang ngemana | liya sampeyan gusti | lan raka paduka | yèn tuwan tan emuta | tan angeman ing wadyalit | anggung ayuda | ewon bala kang mati ||

30. lah punapa pakantukipun punika | ngrêrisak ing wadyalit | sintên kang kecalan | risaking tanah Jawa | pan inggih sampeyan gusti | lan raka tuwan | arjaning bumi-bumi ||

31. kang amanggih gusti tan liyan paduka | lawan rakanta aji | yèn tuwan akarsa | gusti umadêg nata | têdhanên sangkaning aris | tuwan panggiha | lan raka padukaji ||

32. gêra-gêro panangise Ki Urawan | dhuh gusti adhuh gusti | anggèr

--- 13 : 70 ---

dhinahara | ature kang kawula | kapyarsaa lyan nagari | kalangkung nistha | lan kadang rêbat singgih ||

33. sri narendra kumênyut myarsaturira | pangandikaniraris | hèh Sêndhi mênênga | sun turut aturira | lah aturna sêmbah mami | maring kakang mas | lan sagung gangsul mami ||

34. Ki Urawan matur sarwi awotsêkar | dhuh gusti sang apêkik | sampeyan putusan | dhatêng ing Kartasura | ulun maksih anèng ngriki | nadyan mantuka | sarêng andhèrèk gusti ||

35. sri narendra nimbali mantri têtiga | Dêmang Kalêng pangarsi | sang nata ngandika | hèh Kalêng adandana | sun duta marang nagari | amawa surat | aturna kakang aji ||

36. Dêmang Kalêng sampun anampani surat | lèngsèr saha wotsari | sigra lampahira | bêkta kuda sadasa | ya ta wau kang winarni | Prabu Mangkurat | bubar saking ing Piji ||

37. sapraptaning nagari sri naradipa | kèndêl ing pôncaniti | sagung pra dipatya | lajêng sumiwèng nata | Ki Dêmang Kalêng wus prapti | nèng wurinira | radèn rêkyana patih ||

38. Radèn Arya Nrangkusumatur pranata | matur mring sri bupati | ywan dutèng Kalagan | prapta amawa surat | sang nata mundhut kintaki | sigra rahadyan | angaturakên tulis ||

39. wus tinampan sang nata sarya ngandika | wong apa kang tinuding | dening yayi êmas | nolih rahadyan patya | Dêmang Kalêng matur aris | Bagêlèn amba | kinarya mantri kingkin ||

110. Asmaradana

1. tinupiksa

--- 13 : 71 ---

kang kintaki | denira sri naradipa | bêbuka atur sêmbahe | kang rayi Prabu Ngalaga | ngaturkên pêjah gêsang | saking ing kadedenipun | suka sungkêm nèng abahan ||

2. saking supene tan sipi | yèn adarbe panêmbahan | gêgêntyèng rama yêktine | saha nuwun pangaksama | sagunging gangsulira | lir sinêkar sang aprabu | alon dènira ngandika ||

3. hèh Anrangkusuma aglis | asaosa padalêman | yayi mas sun pondhongane | kyai patih atur sêmbah | ing pundi têdah tuwan | ya ta ngandika sang prabu | ajadoh kalawan pura ||

4. umatur rahadyan patih | yèn karsa paduka nata | kilèning pêkên pênêde | punika papan awiyar | lan malih tan atêbah | angandika sang sinuhun | iya ing kono prayoga ||

5. sun wangêni pitung ratri | Nrangkusuma dèn samakta | salwiring uparênggane | yèn uwus sun nuli mapag | marang ing yayi êmas | duta nulak awotsantun | sampun ingangsulan surat ||

6. kondur ngadhaton sang aji | ya ta wau kawarnaa | Radèn Anrangkusumage | bubar lan sagung dipatya | lajêng sawadyanira | kilèning pêkên pinatut | gumêrah wong nambut karya ||

7. môncanagara pasisir | myang wadya ing Kartasura | pra dipatya tugur kabèh | jênêngi wong nambut karya | nahan kang kawuwusa | Dêmang Kalêng lampahipun | ing Kuwêl pan sampun prapta ||

8. tumamèng [tu...]

--- 13 : 72 ---

[...mamèng] ngabyantaraji | Prabu Ngalaga ngandika | hèh Kalêng dèn kaprèng kene | sigra majêng atur sêmbah | saha atur kintaka- | nira saking raka prabu | tinampan gya tinupiksa ||

9. myarsa têmbunging kang tulis | suka Sang Natèng Ngalaga | ywan ingandikan badhene | dening raka sri narendra | benjing ing Soma ngarsa | gwanira têdhak amêthuk | duk akarya padalêman ||

10. Ki Urawan dèn timbali | denira Prabu Ngalaga | sinungan wruh bêbukane | surat saking ingkang raka | Urawan langkung suka | wadyèng Kalagan sadarum | apan sampun ingundhangan ||

11. tan ana apacak baris | badhe sowan mring nagara | wadyalit suka manahe | ya ta ingkang kawarnaa | wadya ing Kartasura | kang anambut karya sampun | dene ta sri naranata ||

12. ping tiga dènnya nêdhaki | mariksa kang nambut karya | mrênahkên pasang rakite | ri sampunnya paripurna | sagunging pasarean | uparêngganing tilamrum | sadaya saking jro pura ||

13. myang badhe wismaning dasih- | ira Prabu Ing Ngalaga | cinaosan sadayane | ambanjèng ing wuri ngarsa | tuwin ing keri kanan | wus antara tigang dalu | sang nata ngundhangi bala ||

14. dènnyarsa mêthuk kang rayi | siyaga sagung dipatya | ing ari Soma budhale | sang nata nitih matêngga | kêrig sabalakuswa | swaranira tri gumuruh | ing ênu datan winarna ||

15. ing Sanggung pan sampun prapti | sigra anglampahkên duta | wus prapta Kuwêl dutane |

--- 13 : 73 ---

panggih lan Natèng Ngalaga | pan sampun tinimbalan | katur yèn kang raka mêthuk | anèng Sanggung saha bala ||

16. gupuh wau sri bupati | angundhangi wadyabala | waos kinèn samya bongkok | wus budhal Prabu Ngalaga | Ki Urawan tan têbah | tansah munggwing kananipun | ya ta wau kawarnaa ||

17. dutanya sri narapati | kang amêthuk tundha-tundha | ing Kuwêl sapangetane | ya ta Prabu Ing Ngalaga | kiduling Sanggung prapta | bongkokan munggwèng ing ngayun | pangarsanira wus prapta ||

18. munya tabahantabuhan. narpati | myang kodhokngorèk angangkang | pra dipati sadayane | prasamya tabah-tabahantabuh-tabuhan. | ya ta Prabu Mangkurat | têdhak saking ing têtarub | ingayap sagung dipatya ||

19. tuwin kang wadya Kumpêni | anggamêng ing wurinira | munya gumêrah tambure | ya ta wadya ing Kalagan | samya sandeyèng nala | dènnya miyat Sang Aprabu | Mangkurat busananira ||

20. angagêm cara Kumpêni | mangkana wadyèng Kalagan | anatasi bongkokane | prasamya nandhak warastra | gègèr wong Kartasura | wadya ing Kalagan gupuh | wus atata barisira ||

21. kagyat umiyat Narpati | Ngalaga asru ngandika | hèh bocah apa karane | kang wadya matur anêmbah | gusti kang pindha nata | dede kang bôngsa pukulun | manawi sandi upaya ||

22. mèsêm ngandika narpati | marang Dipati Urawan | Urawan dhingina age | matura ing kakang êmas | kagète wadyaningwang | Ki Urawan [U...]

--- 13 : 74 ---

[...rawan] awotsantun | lampahira gurawalan ||

23. wau kang wadya pasisir | tuwin wong môncanagara | pan wus adoh palayune | satêngah ika angucap | Narpati Ing Ngalaga | pangakune iya nungkul | wus parêk arsa ngamuka ||

24. payo lumayu dèn aglis | bonggan wong cilik mèlua | wong aprang lawan kadange | muktine môngsa wêruha | singa kang madêg nata | apan gusti kalihipun | singa mênang kinawulan ||

25. Ki Urawan sampun prapti | ngarsanya Prabu Mangkurat | angaturkên prasadune | kang rayi Natèng Ngalaga | sang nata langkung suka | Urawan tinulak sampun | yayi mas turana enggal ||

26. Urawan sigra wotsari | wangsul mring Natèng Ngalaga | gya prapta alon ature | gusti ingaturan enggal | dening raka paduka | ngapuntên sadèrèngipun | kampitane wadya tuwan ||

27. mèsêm ngandika Narpati | Ngalaga bocah dèn enggal | tumbakmu bongkokên manèh | lumaris sri naranata | têdhak saking turôngga | Natèng Ngalaga wus rawuh | ing ngarsanira kang raka ||

28. sigra dènira ngabêkti | pinêngkul dening kang raka | saryadrês mijil waspane | suka kang para dipatya | miyat roroning tunggal | ya ta ngandika Sang Prabu | Mangkurat ing pra dipatya ||

29. padha ngabêktia sami | kabèh maring yayi êmas | sigra mangsah kumaroyok |

--- 13 : 75 ---

sagunging kang pra dipatya | prasamyatur pranata | Pangeran Panular wau | sampun ngabêkti ing raka ||

30. brondongan awanti-wanti | lir rugrug ingkang prawata | saksana bubar sang katong | gumrah swaraning kang wadya | kang rayi Natèng Laga | tansah munggèng kananipun | ajajar ingkang turôngga ||

31. datan kawarna ing margi | pan sampun praptèng nagara | sri naranata lampahe | kang rayi sampun pinrênah | mring padalêmanira | sagunging para tumênggung | ing sabên ari sêsêgah ||

32. sinangkalan duk badhami | Sri Naranatèng Ngalaga | lan ingkang raka sang katong | apan toya muluk obah- | ing sasôngka punika |Sengkalan: toya muluk obah ing sasôngka (1604 A.J., 1681 A.D.). pintên laminira rawuh | Sri Nata Natèng Ngalaga ||

33. ingandikan sabên ari | mring kang raka manjing pura | dènnya kalangkung onênge | mangkana Prabu Ngalaga | ngaturkên mring kang raka | ing namanira kaprabun | duk umadêg ing Mataram ||

34. wus katur ing raka aji | jêjulukira narendra | kang raka langkung sukane | sampun pinatêdhan nama | wasiyat saking rama | namanira duk karuhun | ingaturakên kewala ||

35. nênggih Pangran Adipati | Pugêr pan sampun mupakat | lan malih angaturake | sakèhe wadya kaparak | kang ana ing Mataram | katur ing raka sang prabu | kang rayi wus pinatêdhan ||

36. wong kalih èwu lêlinggih | mangkana kang winursita | wontên abdine sang katong | awasta Ki Kartinala | jinunjung linggihira |

--- 13 : 76 ---

sinungan nama tumênggung | ran Tumênggung Sumabrata ||

37. kaparak kang dèn lurahi | wontên malih abdi nata | sami jinunjung linggihe | aran Ki Suramanggala | samya sinungan nama | inggih anama tumênggung | Tumênggung Mangunnagara ||

38. wong gêdhong kang dèn lurahi | ing têngên dènira lênggah | abdining rama sang katong | Tumênggung Mangunnagara | dene sisihanira | Ki Surantani Tumênggung | kang minêngka kiwanira ||

39. lan wontên ginanjar malih | abdinira sri narendra | Ki Wirapatra namane | wus jinunjung linggihira | saha sinungan nama | Tumênggung Wirarêjèku | lungguh ing kaparak kiwa ||

40. kang têngên Sumabratèki | nêhêr wau sri narendra | ingkang tinuduh ing gawe | sira Dipati Urawan | lan Arya Sindurêja | kêkalih kinon anglurug | ngirid pasisir sadaya ||

41. ingkang sakilèn Samawis | anglurug marang Salinga | sigra budhal gêgamane | Ki Adipati Urawan | myang Arya Sindurêja | ing ênu datan winuwus | pan sampun praptèng Salinga ||

42. Raja Namrud kang winarni | miyarsa yèn linurugan | pan sampun karya bitinge | dêdamêl ing Kartasura | sigra ngêpung kuthanya | lor wetan kilèn myang kidul | kacukupan dening wadya ||

43. kidul kilèn wong pasisir | wetan Arya Sindurêja | Ki Dipati Urawan lèr | ing sabên dina rinangsang | nanging Namrud tan mêdal | mêmpên nèng jro bitingipun | lawan Pangeran Pamênang ||

44. datan arsa amêtoni |

--- 13 : 77 ---

tan winarna solahira | wus kalih sasi lamine | ya ta Dipati Urawan | rêmbag lan pra dipatya | karsanya anggêpuk purun | sampun angundhangi bala ||

45. sanega wadya ti-ati | sigra anêmbang têngara | wetan kidul kalawan lèr | sarêng dènira umangsah | grêgut mangrurah jagang | swaraning surak gumuruh | ramya swaraning sanjata ||

46. sigra Namrud amêdali | wadyanira winatara | limang atus kang kêkènjèr | amêdalkên pangabaran | nanging datanpa dadya | anyêbar mêrang ping têlu | pan maksih mêrang kewala ||

47. ya ta wau Ki Dipati | Urawan awas tumingal | Raja Namrud sasolahe | sigra angabani bala | wadya manêmpuh rampak | binarondong bêdhil mawur | Namrud balane wus rusak ||

48. tan wontên tawa ing mimis | akathah kanin myang pêjah | wus karêbut jêjagange | malêbu wong Kartasura | Raja Namrud samana | gêgêr tan nêdya lumayu | binyuk ing ganjur myang watang ||

49. Raja Namrud wus ngêmasi | tinumpês sawadyanira | apan timbalan sang katong | sanadyan silih rarea | yèn nama mêtu lanang | wong Salinga kinèn gêmpur | yèn wadon kinèn boyonga ||

50. pakuwone wus binasmi | wau Pangeran Pamênang | apan anungkul karsane | marang Dipati Urawan | pan sampun ingawêran | sigra binarondong sampun | pangeran angguladrawa ||

111. Dhandhanggula

1. sigra bubar wau Ki Dipati | Urawan lan

--- 13 : 78 ---

Arya Sindurêja | miwah wong pasisir kabèh | kathah boyonganipun | lan Pangeran Pamênang nênggih | binêktèng Kartasura | tan kawarnèng ênu | lampahira ki dipatya | sampun prapta lan sagung para dipati | nagari Kartasura ||

2. sampun katur marang sri bupati | lamun wau Ki Uran prapta |Kurang satu suku kata: lamun wau Ki Urawan prapta. Namrud tumpês sabalane | kathah boyonganipun | langkung thusthanira narpati | sagunging bêboyongan | binaktèng kadhatun | lawan Pangeran Pamênang | sampun katur ing nata kinèn mêjahi | linawe kamandhungan ||

3. datatita lingira ing nguni | kawarnaa nagri Kartasura | samana tulus arjane | sagung para tumênggung | pasisir myang môncanagari | awismèng Kartasura | myang pra mantrinipun | wadyabala Kartasura | pan sadina-dina dènnya nambut kardi | wisma myang pura nata ||

4. ya ta wau sagung pra dipati | samya gunêm kawatiring praja | dening wadya ing Bagêlèn | pra mantri maksih kumpul | apan wontên Pangran Dipati | Pugêr pan maksih wêtah | wus dadya kang rêmbug | marmanipun sapunika | yèn maksiha pangran sinunggwèng pra mantri | manawa bokmanawa ||

5. kêna bineka marang ing dasih | dadya katur gunêm pra niyaka | sang prabu pangandikane | ya bênêr pikir iku | marmanira yayi mas dhingin | lama tan arsa seba | marang jênêng ingsun | iya pambangusing bala | sri narendra kang rayi wus dèn timbali | Dipati Pugêr prapta ||

6. sri naranata ngandika aris |

--- 13 : 79 ---

hèh yayi mas dèn kaparêng ngarsa | marma ngong sèngi marangke | pan ingsun arsa wêruh | ing wongira kang lami-lami | myang wong kita kang anyar | ingong arsa dulu | Dipati Pugêr tur sêmbah | pan sadaya kang abdi wus dèn timbali | tumamèng ngarsa nata ||

7. kawan dasa tri kang para mantri | samya tarunatur pelag-pelag | sang prabu pangandikane | maring kang rayi wau | apa iku wongira lami | sun dulu pelag-pelag | kabèh warnanipun | pantêse padha digdaya | pangran adipati ing Pugêr turnyaris | têtiyang amba lama ||

8. sri narendra angandika aris | yèn ajaa dhimas wonge lawas | yêkti sun pilara kabèh | yèku kang adu-adu | lamun iku wongira lami | sayêkti sun apura | ing kadudonipun | Dipati Pugêr tur sêmbah | pan sumôngga ing karsa paduka aji | kawula tan suwala ||

9. ingkang raka angandika malih | ing Bagêlèn awite pêpêcah | sun èkêt sun lawe-lawe | mundur mring punggawagung | kabèh padha duwea yayi | kang rayi tur pranata | sumanggèng rèh prabu | sasampunira mangkana | ênêngêna wau ta Sri Narapati | Mangkurat Kartasura ||

Lajêng nyandhak jilid: 14.

--- 13 : [0] ---

Isinipun

78. Sinuhun Amangkurat têdhak dhatêng Kadhiri badhe nyêpêng Trunajaya. (Pangkur, Durma). ... kaca 6

79. Trunajaya kacêpêng, dipun pêjahi. (Asmaradana, Dhandhanggula). ... kaca 16

80. Nagari Kartasura madêg. Sinuhun Amangkurat animbali ingkang rayi Sinuhun Ngalaga ing Mataram. (Dhandhanggula, Pangkur). ... kaca 25

81. Wadya Kalagan pêrang kalihan wadya Kartasura. (Pangkur, Durma, Dhandhanggula, Durma). ... kaca 44

82. Sinuhun Ngalaga dipun boyongi ingkang raka Sinuhun Mangkurat dhatêng Kartasura. (Durma, Asmaradana, Dhandhanggula). ... kaca 68