Sastra Jawa

Program Digitalisasi Sastra Daerah

  • Increase font size
  • Default font size
  • Decrease font size

Babad Tanah Jawi, Balai Pustaka, 1939-41, #1024 (Jilid 14)

Katalog:Babad Tanah Jawi, Balai Pustaka, 1939-41, #1024
Sambung:
1.Babad Tanah Jawi, Balai Pustaka, 1939-41, #1024 (Jilid 01). Kisah, Cerita dan Kronikal | Babad Tanah Jawi #1010.
2.Babad Tanah Jawi, Balai Pustaka, 1939-41, #1024 (Jilid 02). Kisah, Cerita dan Kronikal | Babad Tanah Jawi #1011.
3.Babad Tanah Jawi, Balai Pustaka, 1939-41, #1024 (Jilid 03). Kisah, Cerita dan Kronikal | Babad Tanah Jawi #1012.
4.Babad Tanah Jawi, Balai Pustaka, 1939-41, #1024 (Jilid 04). Kisah, Cerita dan Kronikal | Babad Tanah Jawi #1013.
5.Babad Tanah Jawi, Balai Pustaka, 1939-41, #1024 (Jilid 05). Kisah, Cerita dan Kronikal | Babad Tanah Jawi #1014.
6.Babad Tanah Jawi, Balai Pustaka, 1939-41, #1024 (Jilid 06). Kisah, Cerita dan Kronikal | Babad Tanah Jawi #1015.
7.Babad Tanah Jawi, Balai Pustaka, 1939-41, #1024 (Jilid 07). Kisah, Cerita dan Kronikal | Babad Tanah Jawi #1016.
8.Babad Tanah Jawi, Balai Pustaka, 1939-41, #1024 (Jilid 08). Kisah, Cerita dan Kronikal | Babad Tanah Jawi #1017.
9.Babad Tanah Jawi, Balai Pustaka, 1939-41, #1024 (Jilid 09). Kisah, Cerita dan Kronikal | Babad Tanah Jawi #1018.
10.Babad Tanah Jawi, Balai Pustaka, 1939-41, #1024 (Jilid 10). Kisah, Cerita dan Kronikal | Babad Tanah Jawi #1019.
11.Babad Tanah Jawi, Balai Pustaka, 1939-41, #1024 (Jilid 11). Kisah, Cerita dan Kronikal | Babad Tanah Jawi #1020.
12.Babad Tanah Jawi, Balai Pustaka, 1939-41, #1024 (Jilid 12). Kisah, Cerita dan Kronikal | Babad Tanah Jawi #1021.
13.Babad Tanah Jawi, Balai Pustaka, 1939-41, #1024 (Jilid 13). Kisah, Cerita dan Kronikal | Babad Tanah Jawi #1022.
14.Babad Tanah Jawi, Balai Pustaka, 1939-41, #1024 (Jilid 14). Kisah, Cerita dan Kronikal | Babad Tanah Jawi #1023.
15.Babad Tanah Jawi, Balai Pustaka, 1939-41, #1024 (Jilid 15). Kisah, Cerita dan Kronikal | Babad Tanah Jawi #1024.
16.Babad Tanah Jawi, Balai Pustaka, 1939-41, #1024 (Jilid 16). Kisah, Cerita dan Kronikal | Babad Tanah Jawi #1025.
17.Babad Tanah Jawi, Balai Pustaka, 1939-41, #1024 (Jilid 17). Kisah, Cerita dan Kronikal | Babad Tanah Jawi #1026.
18.Babad Tanah Jawi, Balai Pustaka, 1939-41, #1024 (Jilid 18). Kisah, Cerita dan Kronikal | Babad Tanah Jawi #1027.
19.Babad Tanah Jawi, Balai Pustaka, 1939-41, #1024 (Jilid 19). Kisah, Cerita dan Kronikal | Babad Tanah Jawi #1028.
20.Babad Tanah Jawi, Balai Pustaka, 1939-41, #1024 (Jilid 20). Kisah, Cerita dan Kronikal | Babad Tanah Jawi #1029.
21.Babad Tanah Jawi, Balai Pustaka, 1939-41, #1024 (Jilid 21). Kisah, Cerita dan Kronikal | Babad Tanah Jawi #1030.
22.Babad Tanah Jawi, Balai Pustaka, 1939-41, #1024 (Jilid 22). Kisah, Cerita dan Kronikal | Babad Tanah Jawi #1031.
23.Babad Tanah Jawi, Balai Pustaka, 1939-41, #1024 (Jilid 23). Kisah, Cerita dan Kronikal | Babad Tanah Jawi #1032.
24.Babad Tanah Jawi, Balai Pustaka, 1939-41, #1024 (Jilid 24). Kisah, Cerita dan Kronikal | Babad Tanah Jawi #1033.
25.Babad Tanah Jawi, Balai Pustaka, 1939-41, #1024 (Jilid 25). Kisah, Cerita dan Kronikal | Babad Tanah Jawi #1034.
26.Babad Tanah Jawi, Balai Pustaka, 1939-41, #1024 (Jilid 26). Kisah, Cerita dan Kronikal | Babad Tanah Jawi #1035.
27.Babad Tanah Jawi, Balai Pustaka, 1939-41, #1024 (Jilid 27). Kisah, Cerita dan Kronikal | Babad Tanah Jawi #1036.
28.Babad Tanah Jawi, Balai Pustaka, 1939-41, #1024 (Jilid 28). Kisah, Cerita dan Kronikal | Babad Tanah Jawi #1037.
29.Babad Tanah Jawi, Balai Pustaka, 1939-41, #1024 (Jilid 29). Kisah, Cerita dan Kronikal | Babad Tanah Jawi #1038.
30.Babad Tanah Jawi, Balai Pustaka, 1939-41, #1024 (Jilid 30). Kisah, Cerita dan Kronikal | Babad Tanah Jawi #1039.
31.Babad Tanah Jawi, Balai Pustaka, 1939-41, #1024 (Jilid 31). Kisah, Cerita dan Kronikal | Babad Tanah Jawi #1040.

Serie No. 1289m

Babad Tanah Jawi

Jilid: 14

Ki Agêng Wanakusuma ngraman. Untung Surapati mêngsah Kumpêni

Bale Pustaka - Batawi Sèntrêm - 1940

--- 14 : [2] ---

Wêwênangipun ingkang ngarang kaayoman miturut anggêr ingkang kapacak ing Sêtatsêblad 1912 No. 600.

--- 14 : [3] ---

83. Ki Agêng Wanakusuma, têdhakipun Ki Agêng Giring, badhe ngrêbahakên kraton Kartasura

10. nênggih wontên winursita malih | ing wanasunya wontên sujanma | adi sru kasutapane | ing kawijilanipun | têdhakira Ki Agêng Giring | lagya têdhak kaping pat | prênah canggahipun | lan Kyai Giring punika | kacarita Kya Giring trah Maospait | milagung mangun tapa ||

11. tanahipun padhêkahan Giring | nênggih ing Ardikidul punika | mila ing mangkya têdhake | tumurun saking gunung | mangun tapa ing wana radin | nênggih kang darbe wana | caritaning dangu | tumut bumi ing Darana | myang ing Sima punika kang dèn babadi | kinarya padhêkahan ||

12. wusing dadya dhukuh dèn wastani | nênggih ing dhêkah Wanakusuma | sinambadan pangraose | dening panjênêngipun | angraos yèn kusuma yêkti | mila ngaran mangkana | dening wana agung | binabadan ing kusuma | dadya dhêkah jênêngira wus nêtêpi | Kyagêng Wanakusuma ||

13. mila tumurun tilar ing Giring | adhêdhêkah ing Wanakusuma | Ki Agêng wau sêdyane | gantya warising ratu | angèstokkên ingkang wêwêling | wirayat kina-kina | pitutur nglêluhur | duk Kyagêng Giring jênêngnya | awirayat pitutur kang wingking-wingking | myang anak putunira ||

14. mangkana wirayatirèng nguni | hèh sakèhe anak putuningwang | iya ing besuk [be...]

--- 14 : 4 ---

[...suk] ing têmbe | sawuri-wuriningsun | lamun sira anjaluk waris | anagih prajanjian | panjênêngan ratu | mring têdhak Kyagêng Mataram | angalora tapaa wetan Marapi | wana kang tanah Pajang ||

15. antara môngsa arêbut waris | besuk yèn nagri Mataram rêngka | yèn wus tumêkèng akhire | kono ngèstrèni ingsun | arêbuta waris nagari | anagih prajanjian | ingsun madêg ratu | mêngkua rat tanah Jawa | pan mangkana wirayate Kyagêng Giring | mring têdhak-têdhakira ||

16. punika tansah kaciptèng ati | dhatêng Ki Agêng Wanakusuma | datan supe sadinane | marmitane kalangkung | Kyagêng Wanakusuma nênggih | sêru kasutapanya | ambantêr panêkung | sangêt amanting sarira | wus alama nanging datan antuk wangsit | dènyarsa madêg nata ||

17. kacatur atmajane kêkalih | Kya Wanakusuma samya lanang | ingkang asêpuh namane | Dyan Jayalalanèku | kang taruna wastane nênggih | Radèn Jayaparusa | mangkana winuwus | wau pun Jayalalana | pan rinimuk dening pamomongirèki | dhuh radèn yèn sêmbada ||

18. wus sêdhênge mangke rêbut puri | mumpung nagari ing Kartasura | dèrèng ajêjêg adêge | mumpung taksih ra-huru | dèrèng têntrêm manahe dasih | myang ing môncanagara | lan pasisiripun | dèrèng wontên suyud ing tyas | mring narendra taksih atolih ing wingking | ing pandhustha kawula ||

19. yèn suwawi amarêka gusti | andika dhatêng ing rama

--- 14 : 5 ---

tuwan | nadyan tan rêmbaga mangke | apan sampun kapangguh | ngimpèn kula ing wau ratri | kadya masthi punika | tarkaning tyas ulun | andika madêg narendra | wus kailo sakala bolong dumêling | malompong anarawang ||

20. yèn andika masthi madêg aji | mêngku bumi angrèh tanah Jawa | ya ta Dyan Jayalanane | alon dènira muwus | lah tuturên impènmu wêngi | sigra dènira mojar | sira Kartigarun | anutur ing impènira | pan andika katingal anitih èsthi | ginarêbêg ing wadya ||

21. katingal dika dèn pêpaèsi | upama kadya ngarak mangkana | cahya andika angêne | pindha wulan sumunu | panglong pisan sêdhêng dhadhari | kula umiring wuntat | sawadya dikagung | tumama ing Kartasura | datan wontên katingal wadya nèng margi | kang mêthuk lampah dika ||

22. amung bèbèk rak-arakan sami | ngisis katrajang baris lumampah | dupi sêdhêng mèh praptane | ing kadhaton pukulun | pan kawula kasêlak tangi | anuntên wontên swara | kapyarsa king ulun | mangkana linging kang swara | ya ing mêngko sêdhênge mangun ajurit | aywa sumêlang sira ||

23. Dyan Jayalana condhong ing galih | mirsa tuturing impèn mangkana | gya umarêg ing ramane | Dyan Jayalana wau | Dyan Jayaparusa tan kari | wus prapta ngarsèng rama | manêmbah umatur | atmaja kalih mring rama | inggih rama kawularsa magut jurit | amrêp ing Kartasura ||

24. mumpung mangke rama kang nagari |

--- 14 : 6 ---

dèrèng têntrêm pangadêging nata | kang rama alon dêlinge | dhuh nyawa anak ingsun | durung môngsa ing mêngko ugi | ing besuk yèn wis môngsa | têkèng janjinipun | ing kono ungsume nyawa | panagihan ing janji kang dhingin-dhingin | nadyan oyod rondhona ||

25. apan ingsun kaki nora ajrih | angrêbut ing prang waris karatwan | wuwuha rong mono manèh | pan ora miris ingsun | alah uwis mênênga kaki | suta kalih amêksa | yayah mambêng asru | ingsun iki wus atuwa | iya sira kang ingsun bakal-bakali | lah kaki wruhanira ||

26. apan kari saturunan malih | sira iki lagi nêm turunan | kalawan kaki maninge | durung trang tingal ingsun | durung ana wangsiting Widhi | kinèn rêbut karatwan | balik anak ingsun | payo padha mangun tapa | nutugakên anêru amati ragi | nênêdha ing Hyang Suksma ||

27. wus dilalah karsaning Hyang Widi | atmaja kalih tan kênèng ngampah | andhatêngkên pamêksane | yèn kawula wus ngungsum | amung idin paduka ugi | ingkang kawula têdha | lawan malihipun | paduka kang kula têdha | bêbarkatan kang warni bul-umbul waring | kanggea magut yuda ||

28. de punika wasiyat kang swargi | pusakaning prang kuwating yuda | dilalah kang rama sumèh | baya wus takdiripun | karsaning Hyang tan kêna gingsir | Kyai Wanakusuma | gampil manahipun | saksana tunggul ingalap | munggwing kothak duk binuka kothak [kotha...]

--- 14 : 7 ---

[...k] muni | jumêgur swaranira ||

29. umbul-umbul waring mêsat aglis | mring wiyat musna datan katingal | kala punika sirnane | sangêt dènnya anjêtung | Kya Wanakusuma ningali | sirnane kang wasiyat | sigra dènnya muwus | maring suta kalihira | adhuh nyawa paran karsanira mangkin | barkatanira musna ||

30. putra kalih matur awotsari | pan dilalah ing tampi kawula | inggih saking tan purune | kagadhaha ing ulun | nanging tampi kawula malih | pasthi amanggih arja | lampah ulun besuk | dening mumbul mring awiyat | kang pusaka pasthi punika ngungkuli | yèn ulun mangun yuda ||

31. yèn taksiha kabêkta ing dasih | anèng dharat kang tunggul punika | ilapat asor yudane | dening punika mumbul | pan pratôndha unggul ing jurit | ing mangke uwus môngsa | rama kula magut | atmajanira amêksa | kalihipun nêdya andhatêngkên kapti | sigra anêmbang durma ||

112. Durma

1. Radèn Jayalalana Jayaparusa | angling mring êmbannèki | alah payo bapa | sira ngirup-irupa | sagunging wong kanan kering | ngubal-ubalna | ing solah jayèng jurit ||

2. Kartigarun sigra dènira umêsat | saking ngarsaning gusti | marang padhusunan | ngubalkên kasantikan | wong desa prasamya wingwrin | kapencut miyat | lan samya sinung warti ||

3. yèn gustine mangkya sampun katurunan | ing laelatul kadri | nurbuwat karatwan | amêngku tanah Jawa | wong

--- 14 : 8 ---

desa sapayun dadi | prayayi benjang | anuta gusti mami ||

4. bêkêl panalawe mêsthi yèn binawat | panajung dadi mantri | panèkêt kinarya | wadana iku benjing | wong desa prasamya melik | kêna ing kêmat | ing pangabarannèki ||

5. asamakta sagunging bêbêkêl desa | ngumpul ngadêgkên baris | mring Wanakusuma | karya rakiting pura | taratag rambat ing ngarsi | wadya kang seba | sèwu yèn winatawis ||

6. turut wana sampun sumuyud sadaya | miwah sawetan ngardi | Mêrapi sadaya | Marbabu saurutnya | mring Wanakusuma kêrig | dyan kawuwusa | sang arsa madêg aji ||

7. Radèn Jayalalana Jayaparusa | apan ing sabên enjing | amêpak kang wadya | ngubalkên pangabaran | kapencut wadya umaksi | nèng luhur kuda | lawung sapta tininggil ||

8. mêsat marang gêgana sarêng praptanya | angrubung sang apêkik | ginêtak umêsat | pan kinarya kasukan | kalamun ambêdhol dami | nulya sinêbar | pan dadya watang jinggring ||

9. yèn ginêtak dami katingal manungsa | wau rahadèn kalih | umarêk ing rama | arsa ngrabasèng pura | kang rama ngandika aris | hèh sutaningwang | iya karsanirèki ||

10. anging ingsun iya môngsa mitayakna | karyakna jolèn mami | kêkajang kewala | sun anèng kono ika | sukèng tyas tanaya kalih | wus karsaning Hyang | ginubêl anuruti ||

11. nanging saking kawratan trêsnèng sêsuta | gingsir ing lampahnèki |

--- 14 : 9 ---

ngêmping kasutapan | sampunnya asiyaga | sakapraboning ajurit | Ki Gêdhe sigra | ngubêngi marang dasih ||

12. saha kutug mênyan sarwi nabuh kêndhang | surak kang wadya atri | gumuruh swaranya | bêdhol sagung gêgaman | Ki Gêdhe wus nitih joli | kang wadyakuswa | kumrap tunggul mawarni ||

13. Kartigarun umatur ing sira radyan | dhuh yèn suwawi gusti | wadya kang pangarsa | ingagêmana sulak | saengga giring mêmêri | impèn kawula | pasthi yèn mungsuh ngisis ||

14. wus sinungan pangarsanira sadaya | wong sèkêt winatawis | samya ngagêm sulak | Radèn Jayalalana | munggwing sawurining baris | nitih turôngga | pan sarwi songsong kuning ||

15. tan winarna solahirèng ênu prapta | ing Kêdhungwinong baris | kang wadya balabar | pangarsanya wus têbah | ing Karècèk dènnya baris | ing Kapandhanan | ambèr ing Wanasrênggi ||

16. Kêdhungwinong Sidawayah unggyanira | sang arsa madêg aji | kasapwèng samana | ing dalu kawuwusa | katur marang sri bupati | lamun wong Wana- | kusumarsa mrêp puri ||

17. katingalan saking nagri Kartasura | pakuwon wana têpi | obornya baranang | ing dalu tan winarna | ya ta kawuwusa enjing | Prabu Mangkurat | miyos ing pôncaniti ||

18. andhèr munggwing ngayunan wadya punggawa | myang sakaprabon jurit | Dipati Urawan | ukawinèn mêthuka | ngirid sagung wong pasisir | môncanagara |

--- 14 : 10 ---

miwah kang wadya Jawi ||

19. sampun budhal saking ngarsaning narendra | ingkang kantun ing wingking | Arya Sindurêja | lan wong gêdhong kaparak | duk samana sri bupati | angingu wadya | catur dasa wong Bali ||

20. Ki Tumênggung Singabarong ingaranan | lêlurahing wong Bali | aglar ngarsa nata | samya dhêng bolang-bolang | abajo sangkêlat kuning | sondhèr rangrangan | asikêp waos jinggring ||

21. kawarnaa sira Dipati Urawan | kang mêthuk ing ajurit | ing Kêmadhuh prapta | wênèh ing Banyudana | gyanira atata baris | Wanakusuma | mangkat sing unggyannèki ||

22. munggèng joli Kya Agêng Wanakusuma | pan sampun kaki-kaki | sutanirèng arsa | ingkang rinaja-raja | Radèn Jayalalanèki | Jayaparusa | samya munggèng turanggi ||

23. apêpaès kang wadana cinarêman | wau rahadèn kalih | lawan êmbanira | Kartigarun pinrada | saengga binayangkari | ngayap ing wadya | sri sinongsongan kuning ||

24. katur marang Rahadèn Jayalalana | yèn ingkang mêthuk jurit | Dipati Urawan | kêrig wong Kartasura | kalawan wadyèng pasisir | môncanagara | saha wadya Kumpêni ||

25. anèng Ngasêm barise bala Walônda | Kêmadhuh wong pasisir | myang wong Kartasura | wênèh nèng Banyudana | Wanakusuma ngubêngi | mring wadyanira | saha andonga sathit ||

26. donga basmah caracah bala sanambang | miwah kang sèpi angin | sarwi nabuh kêndhang | gumêrah [gu...]

--- 14 : 11 ---

[...mêrah] swaraning kang | wadya prasamya adhikir | Dyan Jayalana | ngatag ing wadya aglis ||

27. mara payo têka sira tarajanga | baris ing Kartawani | sigra samya mangsah | wadya kang ngagêm sulak | sumahab nêmpuh ing jurit | samyalok sulak | sulak kang mungsuh wingwrin ||

28. saha riris sarênge panêmpuhira | sang arsa madêg aji | wong Wanakusuma | tan ana kang tinaha | dènirarsa ngantêp jurit | ing lampahira | tan kèndêl dènnya dhikir ||

29. samya kêkês bala Kartasura rumab | wau Ki Adipati | Urawan têngara | wong Kartasura mangsah | sumahab anêmpuh jurit | campuh ing yuda | bêdhil tan ana muni ||

30. dyan gumulung wadya ing Wanakusuma | gustine anindhihi | mangamuk mangrêmpak | ngisis wong Kartasura | myang môncanagri pasisir | dyan ki dipatya | krodha mangsah mangungkih ||

31. pan binotan rumab wadyèng Kartasura | kathah kang kajumpalik | tiba ing leleran | sira Ki Adipatya | Urawan amobat-mabit | anatèng wadya | nanging mêksa angisis ||

32. datan kêna ingadu wong Kartasura | pangraose ningali | ing mungsuh awêndran | nungkêbi keri kanan | lawan kêkês angganèki | Dyan Jayalana | sigra ambêdhol dami ||

33. pan sinêbar dami katingal gêgaman | ambujung mungsuh wingwrin | sira Ki Dipatya | Urawan wus lumayu | wong Wanakusuma atri | anglud lan surak | gugup wadya kang laris ||

--- 14 : 12 ---

34. myang Dipati Jangrana Pangran Madura | kêkês sawadyanèki | tan kenging ngabêna | maksa buyar sarsaran | dipati ing Surawèsthi | Pangran Madura | palayunyanut dasih ||

35. wong Kartasura kang baris Banyudana | kêkês tyasira wingwrin | Ki Suramanggala | wruh baris lor wus buyar | gya lumayu rêbut dhingin | ngidul angetan | sagaran kang dèn incih ||

36. amung wadya Kumpêni kukuh barisnya | Ngasêm gènnya miranti | wus prayitnèng baya | tinata sarowangnya | ya ta Urawan Dipati | palajêngira | sêdya mring pôncaniti ||

37. pan kapêthuk sira Dipati Urawan | marang dutèng dipati | mantryanom saksana | andhawuhkên timbalan | hèh andika ki dipati | sampun lumaywa | marang ing pôncaniti ||

38. alajênga mring pasowan kidul samya | aywa ngawali malih | apan sri narendra | arsa ngawaki yuda | sagung kang para dipati | datan sinungan | magutèng mungsuh prapti ||

39. pinrih laju kang mêngsah mring panangkilan | sigra ki adipati | mingêr lampahira | myang sagunging punggawa | pasowan kidul dèn jogi | mantryanom sigra | lajêng lampahirèki ||

40. amariksa unggyaning mungsuh kang prapta | mangkana kang winarni | wong Wanakusuma | praptèng Asêm jinogan | sarêng wruh wadyèng Kumpêni | gamêng atarap | sêdya tinêmpuh wani ||

41. wong Walônda sarêng wruh mungsuh kang prapta | tan gumingsir nadhahi | tambur drèl gya munya | gumrudug tanpa rungwan | saha [sa...]

--- 14 : 13 ---

[...ha] bêdhil dèn abani | mring litnanira | andrèl tan ana muni ||

42. bali Bugis Makasar samya malaywa | wruh ing bêdhil tan muni | apan wong Walônda | sêdyanira malaywa | gya kacandhak dèn tumbaki | wadya Walônda | pan tumpêsa Kumpêni ||

43. ya ta lajêng wau wong Wanakusuma | lampahira amalih | angidul sapindhah | Sagaran kang jinogan | kang saparo anut margi | ngetan lampahnya | kang badhe madêg aji ||

44. datan kandhêg lampahe kang anut marga | tan ana angawali | wong Wanakusuma | praptèng Kanrangkusuman | tinata lampahing baris | kèndêl sakala | kang wadya dèn ubêngi ||

45. akêkutug apan sarwi nabuh kêndhang | Dyan Jayalalana ngling | payo wadyaningwang | padha ngobong-obonga | karya tandhaning ajurit | ungguling yuda | nanging wismèng wong cilik ||

46. aywa ngobong wismane mantri bupatya | karana aja kongsi | susah wadyaningwang | yèn ingsun angadhatwan | kang ingsun karya bupati | têka mangsupa | iya wismèng dipati ||

47. sun watara wus sumyur wong Kartasura | tan ana magut malih | pan mung wong Walônda | andêle ing ayuda | wong Jawa pan wus angisis | ratune ika | tininggal ing wadyalit ||

48. iya môngsa wania mapag maringwang | pan ingsun ganti waris | amêngku rat Jawa | ujêre turun lima | yèku goningsun ngukuhi | bali maringwang | cupendhal-endhal mami ||

49. mantri anom dutanira sri narendra |

--- 14 : 14 ---

wus awas sigra nolih | anandêr lampahnya | ing alun-alun prapta | katur marang sri bupati | yèn mêngsah prapta | Kanrangkusuman baris ||

50. kèndêl lagya anata ing wadyanira | Dyan Nrangkusuma nênggih | kagyat ing tyasira | de mêngsah nèng wismanya | nanging sira radèn patih | sawadyanira | wus sêdya ambêg pati ||

51. wusing têlas aturira ponang duta | ngandika sri bupati | hèh wong gamêl enggal | kudèngong saosêna | Si Kalandaru tumuli | wus kinambilan | sinaoskên ing ngarsi ||

52. sri narendra angagêm kang bêbarkatan | angrasuk Kyai Gundhil | myang Kyai Makutha | wus rinasuk de nata | ujwalanya anêlahi | Kyai Balabar | apan sampun winangking ||

53. Kyai Baru apan datan kêna têbah | ingampil marang dasih | kangjêng sri narendra | akèn mundhut têngara | bêndhe ran Ki Bicak aglis | pan bêbarkatan | saking Sêsela nguni ||

54. sri narendra sampun anitih turôngga | karsa ngawaki jurit | wus miyos sang nata | ginarêbêg ing wadya | mring alun-alun siraglis | wadya kaparak | tinata kinèn baris ||

55. kinèn baris sakidul waringin kêmbar | gambira ponang dasih | miyat ing narendra | arsa ngawaki yuda | langkung pamujining ati | wadya kaparak | sêdya sarêng ngêmasi ||

56. wus satata barise wadya kaparak | sami angati-ati | tan kaliru prênah- | ira sabêkêlannya | wadya gêdhong anambungi | sawurinira | kaparak [ka...]

--- 14 : 15 ---

[...parak] dènnya baris ||

57. sri narendra angitêrakên turôngga | kinubêng mring wong Bali | kang gagah prakosa | watawis wolung dasa | Singabarong kang wêwangi | lêlurahira | tansah lawan sang aji ||

58. naranata aris dènira ngandika | dhatêng rêkyana patih | hèh Anrangkusuma | age sira barisa | ana sakiduling masjid | sawadyanira | marêp mangulon sami ||

59. lamun wadya Wanakusuma narajang | aja sira lawani | age lumayua | dimène mêngko prapta | mungsuh marang ngarsa mami | Dyan Nrangkusuma | tan lênggana rèh aji ||

60. atur sêmbah Patih Nrangkusuma mentar | ingiring dening dasih | ngandika sang nata | hèh wong gandhèk mentara | ari ing Pugêr Dipati | lah enggalêna | asuwe nora prapti ||

61. wadya gandhèk wus mêsat saking ing ngarsa- | nira sri narapati | pan datan antara | ing wong Wanakusuma | kilèn Kamalayan prapti | saha turôngga | sami atunggul putih ||

62. duk samana kêkayon ing Kartasura | dèrèng wontên kang inggil | katingal anglela | gêgaman ingkang prapta | saking alun-alun kèksi | sri naranata | ngandika ing pra mantri ||

63. lah wong iki iya gêgamane sapa | kang tunggul padha putih | kang dinangu nêmbah | punika gusti mêngsah | katawis atêngran putih | nata miyarsa | aturira kang dasih ||

64. galih dalêm sakalangkung dening suka | Ki Baru datan têbih | wong Wanakusuma | atata lampahira |

--- 14 : 16 ---

joli kang lumampah wingking | tinub ing wadya | sadaya sami dhikir ||

65. kacarita Ki Agêng Wanakusuma | ingkang anitih joli | dene ingkang putra | kêkalih ingkang priya | lumampah munggwèng ing ngarsi | asongsong jênar | sarya nitihi baris ||

66. nitih kuda ginarêbêg dening wadya | ki agêng munggèng wingking | kang mikul sadaya | samya micarèng nala | saya ènthèng ingkang joli | kadya tan ana | mangke ingkang nitihi ||

67. ingkang mikul arsa matur ing rahadyan | kalih nanging tyas ajrih | ya ta tan winarna | wadya Wanakusuma | Pangeran Pugêr Dipati | kang kawuwusa | sampun anata baris ||

68. enjing mila dènira abêbarisan | anèng dalêmirèki | pêpak ingkang wadya | kang sami surèng rana | Ki Tambakbaya wus prapti | myang Surajaya | Jadrêmba Jawiryèki ||

69. duta kalih wus prapta ing Kapugêran | cundhuk lan sang dipati | caraka wotsêkar | paduka kinèn enggal | dhatêng raka padukaji | mêngsah sang nata | mangke pan sampun prapti ||

70. Jêng Pangeran Dipati Pugêr glis budhal | ingiring dening dasih | wadya pêpilihan | kalih atus watara | samya sudira ing wèsthi | wong Kapugêran | samya trahing prajurit ||

71. wadya Wanakusuma awas tumingal | yèn mungsuhira mijil | sarêng dènnya surak | samyalok sulak-sulak | kagyat Pangeran Dipati | Pugêr ngandika | sakèhe wadya mami ||

72. dèn aenggal padha [pa...]

--- 14 : 17 ---

[...dha] sira abalia | rêksanên garwa mami | lan sira ingsêrna | sakèhe rabiningwang | mingsêra saloring kali | sira Jadrêmba | kang sun karya têtindhih ||

73. anging wadyaningsun salawe karia | kang padha tus ing wani | kang kinon wotsêkar | sami wangsul sadaya | kantun salawe kang dasih | lajêng lampahnya | pêkên agêng wus prapti ||

74. wadya Wanakusuma kèndêl sadaya | sami angati-ati | nèng wetan Kamlayan | sira Kangjêng Pangeran | Dipati Pugêr lingnyaris | prayayi kônca | gandhèk lajênga sami ||

75. manira pan saos nèng jawi matura | mring kangjêng sri bupati | carakatur sêmbah | gusti ajrih kawula | matur ing rakandikaji | karsaning nata | mêngsah punika gusti ||

76. apan pinrih ing alun-alun dhatênga | raka paduka aji | arsa ngawakana | jurit kalawan wadya | Wanakusuma kang sêkti | kangjêng pangeran | ing Pugêr ngandikaris ||

77. wadya gandhèk dèn enggal sira lajua | aywa lêngganèng kapti | kang kinon tur sêmbah | wus lajêng lampahira | sigra Pangeran Dipati | Pugêr lumampah | wadyanira tan têbih ||

78. pan angalèr sêdyanira asênêtan | anèng têpining kali | lan sawadyanira | samya mêndhak sadaya | tan katingal saking margi | datan antara | mêngsahira gya prapti ||

79. pangajênge ing pêkên agêng wus prapta | Surajaya turnyaris | mring kangjêng pangeran | mêngsah paduka prapta | kang ingaturan lingnyaris | dimène uga | pangajênge rumiyin ||

--- 14 : 18 ---

80. punggawane sun tingali durung prapta | mêngsah lajêng lumaris | praptèng pamurakan | ngalun-alun katingal | pangajênge kèndêl sami | nèng pamurakan | tyasira sêmu ajrih ||

81. pangarsane samangsanira angungak | ing alun-alun sami | wangsul pamurakan | sami akulithihan | jrih miyat gêgaman aji | awarna-warna | kadya prawata sari ||

82. Radèn Jayaparusa Jayalalana | pêkên agêng wus prapti | miyat ingkang wadya | sami kandhêg lampahnya | sigra asuwarèng dasih | hèh batur mara | aywa kandhêg lumaris ||

83. ingsun arsa banjur angadhaton pisan | sarya jumêjêngjumênêng. aji | anèng Kartasura | ênêngêna ta sira | Pangeran Pugêr winarni | kang asênêtan | anèng têpining kali ||

84. Tambakbaya matur dhatêng gustinira | yèn suwawi ing kapti | dawêg ngamuk ngrêmuk | sampun wontên kuciwa | jêng pangeran ngandikaris | hèh wadyaningwang | payo ngamuk dèn aglis ||

85. sapa ingkang tilara ing jênêngingwang | yêkti ingsun kabiri | kang wadya sadaya | samya saur kukila | suka dhatênga ing pati | dasih tan sêdya | atilar maring gusti ||

86. Jêng Pangeran Dipati Pugêr umangsah | tandangira rêspati | udhêng canthèl pisan | nyothe Kya Mesanular | Kyai Palèrèd pinandhi | mangsah ing rana | wadyanira tan têbih ||

87. wong salawe sarêng dènnya ngamuk rampak | tandangira ngajrihi | Kyai Tambakbaya | myang Kyai Surajaya | Ki Jawirya

--- 14 : 19 ---

datan kari | katri punggawa | ingkang dadya pangirid ||

88. wadya Wanakusuma awas tumingal | lamun Sang Adipati | Pugêr ngamuk rampak | sigra gègèr puyêngan | wadyèng Kapugêran sami | sarêng aninggar | sanjata samya muni ||

89. tinggar sapta ingkang binakta ngayuda | mring pangeran dipati | wong Wanakusuma | akathah kang kacurnan | sangsaya gègèr awingwrin | kagyat narendra | myarsa swaraning bêdhil ||

90. sri narendra aris dènira ngandika | sapa kang mapag jurit | anèng pamurakan | wadya gandhèk turira | rayi paduka narpati | Kangjêng Pangeran | Pugêr kang mangsah jurit ||

91. saking wuri dènira amagut yuda | anging kang abdi kêdhik | kang binakta aprang | dhatêng rayi paduka | amung salawe kang dasih | nging pêpilihan | samya tusing winani ||

92. naranata miyarsa aturing wadya | langkung marma tyas aji | dhatêng ari nata | sigra nêmbang têngara | Ki Bicak munya tinitir | swaranya ngangkang | kadya munya ing langit ||

93. wadya gêdhong kaparak samya gambira | mirsa Ki Bicak muni | arsa magut yuda | angantya pangandika- | nira kangjêng sri bupati | nata ngandika | wacana sêpêt gêndhis ||

94. hèh Tumênggung Singabarong age sira | mangsaha ing ajurit | sira tulungana | ari êmas dipatya | ing Pugêr mangsah ngajurit | manawa tiwas | dene wadyane kêdhik ||

95. Ki Tumênggung Singabarong awotsêkar | myang sakancane sami | amêre sadaya | pangucape

--- 14 : 20 ---

mangkana | gajah leyak tabong Bali | têbêg basangan | johang kandhutanèki ||

96. watangira ingêmbat kinarya onclang | tandangira ngajrihi | ngumbulkên ngawiyat | tinadhahan ing jaja | rêmpu waos tan apulih | suka sang nata | miyat ing wadya Bali ||

97. kang sawênèh anaut bêbrêngosira | netrane langkung andik | wênèh buwang kadga | mangsah kalawan asta | samya acrêma kang kulit | wong wolung dasa | tan pasah dening wêsi ||

98. wadya wolung dasa sahatur pranata | samya amit ngêmasi | ngandika sang nata | iya age mangsaha | sun srahakên ing Hyang Widi | sarêng umangsah | watêk wantu wong Bali ||

99. sarêng cundhuk lajêng mangamuk manêngah | kang katêmpuh pan gusis | tambuh polahira | wadya Wanakusuma | ing wingking pan dèn amuki | dhatêng pangeran | ing Pugêr Adipati ||

100. wadya alit samya gègèr apuyêngan | nèng pamurakan sami | lumayu sangsrangan | samya ulêng-ulêngan | akathah kang angêmasi | wênèh kabranan | ingamuk mring wong Bali ||

101. kang ing wingking wadyabala Kapugêran | ingkang samya numbaki | anging datan kathah | mung mantrine kewala | kang sami dipun pêjahi | wadyalit sirna | samya malaywa gêndring ||

102. ingkang munggwing ing ngarsa kathah pralena | ingamuk mring wong Bali | ingkang panggah pêjah | kang mundur nandhang brana | akiwul-kiwul tanpolih | wadya ing Wana- | kusuma samya nangis ||

103. jolinira sampun [sampu...]

--- 14 : 21 ---

[...n] adangu binuwang | tan etang marang gusti | arêbat koripan | nanging kantun Rahadyan | Jayalalana myang ari | Jayaparusa | kalih sudirèng wèsthi ||

104. radyan kalih miyosakên pangabaran | wali-wali tan dadi | Dyan Jayaparusa | langkung bramatyanira | anêrêgakên ing dasih | lan kadangira | kalih samya prajurit ||

105. udakawis kantun satus wadyanira | angamuk golong pipis | sigra Jêng Pangeran | Dipati Pugêr mangsah | wadya salawe tan gingsir | rame kang yuda | samya rok silih ungkih ||

106. Ki Tumênggung Singabarong sigra prapta | sakancane wong Bali | prapta nulya numbak | anuduk myang anigas | wong Wanakusuma mati | tumpês sadaya | datan amôngga pulih ||

107. Ki Tumênggung Singabarong kadi yaksa | tandangira ngajrihi | anglir singalodra | galak amôngsa sarpa | kang kaparak sirna ênting | myang angganira | malah akuthah gêtih ||

108. sira Jayalalana awas tumingal | mring solahe wong Bali | langkung bramatyanya | anyandhak pangawinan | sarya angucap ing ari | Jayaparusa | ayo amagut jurit ||

109. lêhêng pêjah lawan anyandhang wêwirang | ingkang rayi nauri | lah anêdha kakang | andika umangsaha | mêngsah kang saking ing ngarsi | kawula mangsah | pun Pugêr Adipati ||

110. radyan kalih sampun angamuk manêngah | kang tinêmpuh gya gusis | sira Jêng Pangeran | Pugêr awas tumingal | sigra ngandika mring dasih | hèh wadyaningwang |

--- 14 : 22 ---

mundura dèn agêlis ||

111. alah mara age sira lumayua | dudu mungsuhirèki | Si Jayaparusa | prajurit kinawasa | ingsun papagne pribadi | sigra kang wadya | mundur mring wuryèng gusti ||

112. gya apagut Jayaparusa samana | lan Pangran Adipati | Pugêr yun-ayunan | JayaparuraJayaparusa. numbak | Pangran Pugêr datan gingsir | Jayaparusa | panumbake anitir ||

113. tanpa ngapa panduknya Jayaparusa | jêng pangran malês aglis | Dyan Jayaparusa | anulya pinarjaya | Ki Palèrèd kang kinardi | jajanya pasah | anêrus marang gigir ||

114. Radyan Jayaparusa sampun pralena | rakanira winarni | dangu dènnya yuda | Radyan Jayalalana | amêngsah lan wadya Bali | tumbak-tinumbak | ramya rok silih ungkih ||

115. Ki Tumênggung Singabarong tan darana | sigra mangsah tumuli | lawan kang santana | aran Nyoman Luyangan | rahadyan dipun kalihi | Nyoman Luyangan | sigra amarjayaglis ||

116. lambung kiwa wau ingkang kaprajaya | niba nulya ngêmasi | wadya alit bubar | sasisane kang pêjah | wontên abdining narpati | Ki Nayatruna | anênggih kang wêwangi ||

117. kacarita juru kêbone sang nata | amit mring sri bupati | kêdah milya aprang | marmanya amit pêjah | ing palagan sampun prapti | praptèng payudan | datan tumut ajurit ||

118. Kyai Nayatruna ampingan sasaka | awas dènnya ningali | yèn mêngsah pralena | dening Nyoman Luyangan | wangkenya kari [ka...]

--- 14 : 23 ---

[...ri] nèng wuri | Nyoman Luyangan | lajêng ngamuk mring ngarsi ||

119. wangkenipun Jalalana gilang-gilang | Ki Nayatruna aglis | anigas mastaka | binêkta mundur sigra | Pangeran Pugêr winarni | ngawe ing wadya | Kartasura siraglis ||

120. anggarjita punggawa ing Kartasura | miwah kang para mantri | anandêr sadaya | samya angêmbat watang | samya ngungsir mungsuh aglis | kang kawarnaa | wontên abdi narpati ||

121. namanira wau Ki Suramanggala | duk palayune nguni | saking Banyudana | sapraptaning sagaran | samana èngêt tyasnèki | yèn abdi nata | ya ta micarèng ati ||

122. lamun ingsun iki bacuta lumaywa | sapa baya kang sudi | angawulakêna | ing anak putuningwang | samana sira gya bali | lan sasanaknya | wong rolas rowangnèki ||

123. pan wong rolas punika tan ana liya | pan kadange pribadi | wus samnya bêk pêjah | angamuk saking wuntat | wus datan angetung urip | angamuk rampak | wau kang dèn amuki ||

124. mêngsah ingkang anjog galedhegan kulwan | ing ngarsa kang nanggoni | Dyan Anrangkusuma | wingking Suramanggala | mawur sasisaning mati | gêmpang suh sirna | siji tan ana kari ||

125. tan karuwan palayunira kang gêsang | wau arêbat urip | Ki Suramanggala | samênangira yuda | sêdya sowan ing narpati | dyan kawarnaa | kangjêng sri narapati ||

126. naradipa sinewa ing wadyanira | gêdhong kaparak sami | kang rumêksèng [rumê...]

--- 14 : 24 ---

[...ksèng] nata | langkung suka tyasira | aningali ingkang rayi | Kangjêng Pangeran | Pugêr sura ing wèsthi ||

127. kawarnaa sira Kyai Nayatruna | samana amèt sandi | swanitaning murda | ingusapkên ing jaja | amicara ing jro ati | sanadyan dora | yèn sambada abêcik ||

128. nulya mundur lampahira sigra-sigra | murda sarya cinangking | kagyat sri narendra | asru dènnya ngandika | hèh Naya matura aglis | êndhase sapa | iku kang dera cangking ||

129. Nayatruna matur sarya awotsêkar | dhatêng sri narapati | punika kang murda | pun Anjayalalana | kawula ingkang mêjahi | murda katura | ing gusti sri bupati ||

130. pun Anjayaparusa rayi narendra | ingkang marjayèng jurit | niba kapisanan | punika kalih amba | dangu kawula ajurit | udrêg-udrêgan | kawula mèh ngêmasi ||

131. naradipa alon wijiling wacana | liwat tarima mami | Naya marang sira | sira sêdya pralaya | ring mangkya têmah basuki | hèh Nayatruna | sira sun junjung linggih ||

132. lah jênênga Ngabèi Rajamênggala | kabèh wadyèngong wuri | sira parentaha | Ki Nayatruna nêmbah | sujud ing ngarsa narpati | dahat mangrêpa | wau ingkang winarni ||

133. Ki Suramênggala wus katur ing nata | yèn ngamuk saking wuri | lan kadange rolas | rencange ngamuk samya | mêngsah sirna kathah mati | mêngsah kang mêdal | gledhegan kilèn nguni ||

134. duk samana

--- 14 : 25 ---

katarima ing sang nata | pangamukira nênggih | Ki Suramênggala | sampun jinunjung lênggah | dènira sri narapati | wus ingaranan | Tumênggung Surantani ||

135. pan kinarya lêlurah pagêdhong kiwa | sisih Mangunnagari | myang sanake rolas | wus sami sinung lênggah | langkung nuhun sih narpati | lir guladrawa | tinêmbang anèng ngarsi ||

113. Dhandhanggula

1. tan winarna kangjêng sri bupati | Sang Adipati Pugêr kocapa | kang mêntas mênang yudane | myang para punggawagung | ingkang anglud mangsah wus prapti | wadya Wanakusuma | kathah ingkang lampus | akêkècèr urut marga | pra punggawa sadaya sampun apanggih | lan Pangran Pugêr sira ||

2. Sang Dipati Pugêr sigra nangkil | myang punggawa umiring sadaya | wontên dene kuwandane | Jayaparusa sampun | kinèn ngrêksa mantri kêkalih | anganti karsanira | raka sang aprabu | pangeran ing Kapugêran | sigra nangkil lan sagung para bupati | umiring lampahira ||

3. Tumênggung Singabarong tan têbih | wadya Bali umiring sadaya | myang Radèn Nrangkusumane | ya ta wau sang prabu | wus adangu ngantya ing ari | lunggwèng ing kathil dênta | siniwèng wadyagung | yun-yunên ing praptanira | ingkang rayi Pangeran Pugêr glis prapti | myang punggawa sadaya ||

4. dan ingawe mring raka narpati | jêng pangeran tumamèng byantara | saha bukuh ing lungguhe | rinangkul de sang prabu | saha tanya dhatêng ing ari | kayapa mungsuhira | kang rayi umatur |

--- 14 : 26 ---

pun Jayaparusa pêjah | jolinipun pan kapanggih tanpa isi | wadyalit brastha gêmpang ||

5. naradipati ngandika aris | wadya gandhèk lah kita pundhuta | Jayaparusa sawane | kang kinon awotsantun | tan adangu sawa wus prapti | katur mring naranata | ngandika sang prabu | kamantyan sukanirèng tyas | baya iki kang arsa umadêg aji | mêngku rat tanah Jawa ||

6. arsa mungsuh marang wong Matawis | uwakane Ki Jayaparusa | têka êca turu bae | durung panggih lan ingsun | sri narendra ngatag ing dasih | hèh wong singanagara | pocokên dhasipun | panjêrên waringin kêmbar | gêgêmbunge buwangên mring endra aglis | kang kinon gyatur sêmbah ||

7. ingkang murda pinocok tumuli | dyan pinanjêr nèng waringin kêmbar | datan kawarna polahe | nulya jêngkar sang prabu | angadhaton ing kênyapuri | sira kangjêng pangeran | ing Pugêr wus mantuk | miwah sagunging punggawa | bubar mantuk sigêgên datan winarni | ya ta ing lama-lama ||

84. Untung dipun pêndhêt anak dhatêng Kapitan Mur

8. nênggih wontên winursita malih | Kapitan Êmur ing Batawiyah | adarbe têtukon rare | lagya mur pitung taun | duk tinumbas saking ing Bali | pêkik ing warnanira | sira Kapitan Mur | salaminira atumbas | rare ika Kapitan Untunge prapti | dagang myang lungguhira ||

9. minggah mayor nulya komasaris |

--- 14 : 27 ---

tan alami minggah idlèr rolas | padagange kèh untunge | dadya sugih kalangkung | angluwihi sasaminèki | Idlèr Mur duk samana | rumaos ing kalbu | yèn rare kang mawa bêgja | wus ingambil anak sinungan wêwangi | Ki Untung namanira ||

10. pan ingugung sapolahirèki | ya ta wusnya ing alama-lama | diwasa wus kèh ngumure | mêpêg birainipun | ya ta Idlir Êmur winarni | darbe atmaja nyonyah | luwih saking ayu | sêdhêng birai ing priya | sinadulurakên lan Ki Untung nênggih | tan pisah sanalika ||

11. nanging nyonyah rêmêne tan sipi | mring sira Untung alama-lama | dadya sami biraine | akirda têmahipun | lan Ki Untung pasungsung gili | barang kang jinaluka | Untung nyonyah asung | nanging Ki Untung samana | datan arsa simpêna donyanirèki | mung karsa pasanakan ||

12. apan samya budhaking Kumpêni | dèn prasanak anggung winewehan | apa barang sasukane | donyanira Idlèr Mur | ingulêran raina wêngi | anging datan kinarya | kasugihanipun | mung kinarya wèwèh ika | mring prasanakanira kang dèn tuwuki | lumintu salaminya ||

13. budhak Kumpêni samya wong Bali | wênèh Bugis ingkang pinèt sanak | kathahe prasanakane | watara wolung puluh | pan sadaya budhak Kumpêni | prasamya kapotangan | wênèh ana muwus | apa ingkang sun walêsna | mring Si Untung manawa manggiha kardi | sun walês lara pêjah ||

--- 14 : 28 ---

14. Idlèr Êmur mangkana winarni | wruh lamun donyanirakèh ilang | lami dhêngêr yèn anake | kirda lawan Si Untung | angulêri donyanirèki | pan anakira nyonyah | kêcil solahipun | kawêdhar tan mawi sandya | gya cinêkêl Ki Untung dèn jamalani | ngrotan satêngah pêjah ||

15. datan arsa suwalèng ing kapti | asambat mentak ampun kewala | Idlèr Mur angrês manahe | pan ingapura sampun | sawusira alami-lami | tan mari solahira | nyonyah lan Ki Untung | duk samana kawênangan | mring Dêlèr Mur dènnya kirda pukul kalih | nèng gêdhong pajungutan ||

16. gya cinêkêl mring Dêlèr Mur aglis | liwat gusar Ki Untung samana | tinaruk bêlokan gêdhe | nyonyah sigra sinapu | ya ta wau ingkang winarni | Ki Untung nèng bêlokan | dahat kawlasayun | pan akathah rowangira | wong dêdosan sawidak yèn winatawis | sawusnya lama-lama ||

17. Ki Untung ika angucap aris | mring rowange kang anèng bêlokan | sanak-sanakingsun kabèh | paran ta dayanipun | nora nana kang duwe budi | rèhning padha lalaran | rowangnya sumaur | hèh Untung kamangkarannya | duwe polah dene ta bêlokan wêsi | lan gêdhong tinutupan ||

18. tur kinunci jinagèng Kumpêni | paran baya ênggone apolah | Ki Untung alon wuwuse | manawana pitulung | ing Hyang Suksma marang ing dasih | pan kuwating kawula | saking Hyang kang Agung |

--- 14 : 29 ---

rowangnya malih angucap | sira iki Untung kaliwat kumaki | ngong iki wong wis tuwa ||

19. nèng bêlokan wus tri madya sasi | lawan ingsun nora mangan-mangan | sumandene-sumandene | tan bisa budi ingsun | sira bocah pêksa gunadi | pae Bathara Krêsna | tiwikrama tuhu | ing ajur ajèr tan kewran | kaya sira paksa nguwani blok wêsi | tuhu ywan rare nakal ||

20. sira Untung mèsêm anauri | ingsun nora rêmbugan lan sira | pikir lan wong akèh kiye | sasukanira iku | sira dhewe sun tan udani | Ki Untung gyalon mojar | mring wong akèh wau | hèh sanak-sanak manira | yèn anaa iya kang bisa nguculi | paran karêpe samya ||

21. wong akathah samya anauri | yèn ucula Untung saking sira | sanak-sanakira kabèh | apa sukanirèku | nadyan silih tumbuk nèng wêsi | alah matyèng bêlokan | Ki Untung gumuyu | sarwi ngunus sikilira | sampun ucul saking babêlokan wêsi | cingak wong-wong amulat ||

22. tatarungkon wong sawidak nuli | inguculan wus ucul sadaya | amung wong siji kang maksèh | kang nyênyampahi wau | ya ta sagung kang ucul sami | sarêng dènira ngucap | mring sira Ki Untung | lah Untung paran karsanya | dening uwis padha ucul sing sirèki | mangkya apa rèhira ||

23. Ki Untung alon dènnya nauri | ingsun arsa ngamuk ing Walônda | paran karêpira kabèh | sadaya gya

--- 14 : 30 ---

sumaur | nadyan silih amuk nèng loji | kabèh danatadatan. suminggah | ing karsanirèku | mung upayakna dandanan | lan malihe golèkna sêsarap dhingin | dimène padha kuwat ||

24. Ki Untung mèsêm amuwus aris | yèn mangkono wis padha mênênga | ingsun mêtu nora suwe | sigra wau Ki Untung | lawan gêdhong dinuwa aglis | kuncine gya malêsat | Ki Untung wus mêtu | apan cinatur samana | ngandhut patrêm tapak gêdhene sanyari | sapraptanirèng jaba ||

25. kang ajaga pinatrêm ngêmasi | gumalethak tan kongsi sêsambat | kunci gya pinasang malèh | Ki Untung sigra laju | angulari wong sanaknèki | ya ta wontên kapêdhak | kêkalih ing ênu | sigra angrangkul samana | mring Ki Untung pan sarwi lara anangis | paran ta solahira ||

26. salawase kita nandhang sakit | ingsun arsa têtilik tan bisa | mêngko ta wus mêtu dhewe | payo sun gawa mantuk | Ki Untung gya dènnya tut wuri | sapraptanirèng wisma | sira mitranipun | pawong sanake sadaya | binilangan dening kang katêmwèng nguni | akathah samya prapta ||

27. pra sanake kathah samya nangis | Ki Untung alon dènira ngucap | ngong jaluk gêgaman bae | aywana milu ingsun | pra sanake samya nauri | yèn ana karsanira | kang mawa pakewuh | kabèh sanak-sanakira | ing sêdyane anglabuhi lara pati | amalês bêcikira ||

28. sira Untung lon dènnya nauri | sun tarima kabèh sanak ingwang |

--- 14 : 31 ---

sun jaluk gêgaman bae | lawan anjaluk sêkul | dèn akathah myang kinang aglis | lah payo atêrêna | ingsun nuli wangsul | sigra pawong sanakira | anggawani kêris pêdhang lawan cundrik | myang tumbak cêcêndhakan ||

29. wus binêngkêkbinongkok. sagung warastraglis | dyan umangkat tri pra sanakira | kang ngatêrkên gêgamane | wênèh anggawa sêkul | myang panganan kinang tan kari | samana wayahira | apan pukul wolu | duk Ki Untung wêdalira | ing lampahe saenggarsa mring jaladri | wus praptèng pambêlokan ||

30. sarêng ingkang gilir jaga prapti | Kumpêni satu ingatêr kopral | ya ta Ki Untung sirage | anarik patrêmipun | wus pinatrêm siji ngêmasi | kopralirarsa mêdhang | gya pinatrêm lampus | wong kang anèng jro bêlokan | gya winêdalakên kabèh praptèng jawi | berag ing nalanira ||

31. nulya kinèn samya nadhah aglis | kumroyok wong sawidak punika | sawusira nginang age | nulya kang wastra dinum | ana ingkang amilih cundrik | wênèh amilih pêdhang | wênèh kêrisipun | ana tumbak cêcebolan | wusnya sangkêp samakta angati-ati | tata jawining gudhang ||

32. ya ta wontên wong tuwa sawiji | anggarit lêmah sarwi angucap | hèh Untung manira mangke | lamun Kumpêni rawuh | yèn lungaa têka gêgarit | goningsun mapag yuda | sumpahên wakingsun | dudu anaking manungsa | sutèng anjing yèn ingsun ninggala garis |

--- 14 : 32 ---

bunuhên saking wuntat ||

33. ya ta wau litnane winarni | kang anata jaga ing bêlokan | suwe tan prapta koprale | apan wus kinon nusul | sareyane ingkang lumaris | wus praptèng pambêlokan | kagyat dènnya dulu | ana baris jawi gudhang | gêdhong mênga sareyan lumayu aglis | myat rowangira pêjah ||

34. bilang marang lutnanira aglis | katur marang radpêni sadaya | gupuh amukul tambure | wadya Kumpêni kumpul | sabragada sigra lumaris | wus praptèng pabêlokan | wong Kumpêni ngêpung | ya ta Ki Untung saksana | angabani ing rowang anêmpuh aglis | mangsah ramya kang surak ||

35. binarondong bêdhil tan gumingsir | wong sawidak sarêng ngamuk rampak | Kumpêni wus akèh longe | kuwêl dènnya atarung | tandangnya Ki Untung ngajrihi | lir singalodra galak | nganan keri bunuh | amatrêm sarwi anepak | wong sawidak anglir bajo angajawi | gêmpur kang sabragada ||

36. kang ing wuri Kumpêni kèh prapti | pangêdrèlira lir gêlap sasra | Ki Untung rusak rowange | sapalih ingkang kantun | ngamuk kuwêl pêdhang lan kêris | Kumpêni akèh pêjah | ing wuri kèh rawuh | Ki Untung rowange têlas | pan binyukan ing mimis lir udan api | tumpês kantun priyôngga ||

37. Ki Untung tinubruk nganan ngeri | kang acêlak pinatrêm kèh pêjah | dyan kinandhang-kandhang bae | mêdal sing loji sampun | saparannya

--- 14 : 33 ---

pan dèn bêdhili | mring bètèng ngalang-alang | panyalimpêdipun | Kumpêni pan wus kalangan | pan ingosak-asik dangu tan pinanggih | wadya Kumpêni bubar ||

38. misuwur otêr nagri Batawi | Ki Untung ucul saking bêlokan | angamuk akèh rowange | wong sapatrungkon ucul | tumpês sampyuh lawan Kumpêni | tintrim wong sanagara | ya ta kang winuwus | Ki Untung singidan sira | anèng bètèng alang-alang pitung ratri | Ki Untung duk samana ||

39. pan amomor mring nagari malih | angulari pawong sanakira | sapraptanira ing rajèng | pawong sanakirèku | apan kathah ingkang kapanggih | Ki Untung tinangisan | sadayarsa tumut | pangucapira mangkana | ingsun milu ing sira sabaya pati | amalês bêcikira ||

40. tigang dasa kang tumut rumiyin | dalu umangkat saking nagara | tan kari sagêgamane | bètèng lang-alang rawuh | karya unggyanira miranti | ing sabên ari prapta | pawong sanakipun | kalih tiga myang sakawan | lama-lama tutur-tinuturkên sami | saparasanakira ||

41. kang satêngah ana ngait-ait | duk samana nagri Batawiyah | nayaka Kumpêni akèh | minggat têbusanipun | pan Ki Untung kang dipun ungsi | nèng bètèng alang-alang | wus pêpak wong satus | lawan sagêgamanira | pan cinatur bètèng alang-alang nênggih | samana maksih wana ||

42. apan eca dènira miranti | Ki Untung lawan wong satus ika |

--- 14 : 34 ---

kang ngambilakên pangane | apan namung Ki Untung | wira-wiri marang nagari | amomor tan koningan | mangkana cinatur | yèn kala marang nagara | sawêdale patrême tapak tinarik | winor suruh candhikan ||

43. ywan kapêthuk Kumpêni satunggil | myang kêkalih kinêbyok ing sêdhah | niba kapisanan bae | sabên-sabên kapêthuk | wong Walônda kinêbyok mati | yèn wayah wusing asar | tintrim ing margagung | ing sabên ari mangkana | lama-lama kauningan ing Kumpêni | yèn Ki Untung polahnya ||

44. pinarantèn dening wong Kumpêni | yèn wayah pukul satêngah lima | binarisan ing margane | andhêdhêp tan kadulu | pinakanan Kumpêni siji | Ki Untung duk samana | apan nuju langkung | mêdal saking ing nagara | aningali Kumpêni satu nèng margi | sigra kinêbyok sêdhah ||

45. kapisanan kang baris miranti | sigra mêdal Ki Untung lumaywa | binarondong bêdhil akèh | pinêgat ngarsanipun | gya Ki Untung mingêr angeri | saking keri narajang | kang kinêbyok lampus | anêmpuh sarwi lumaywa | wong Kumpêni rolas longe kang ngêmasi | kopral sareyan pêjah ||

46. wong Kumpêni maksih ambêdhili | ambêbujung ing saparanira | mèh praptèng wau prênahe | rowangira Ki Untung | mirsa swaraning sanjata tri | mêdal saking panggenan- | nira samya dulu | wadya Kumpêni kèh prapta | ambêbujung Ki Untung kang dèn bêdhili | wong

--- 14 : 35 ---

satus sarêng mangsah ||

47. ngamuk rampak wong satus mangungkih | tandangira lir yaksa mêmangsan | wong Kumpêni akèh longe | tumpês kêdhik kang kantun | mung têtiga wau kang kari | cacahe ingkang pêjah | sawidak gungipun | kantun têtiga lumaywa | mring nagari prapta katur mring radpêni | miwah gurnadur jendral ||

48. yèn Kumpêni akathah ngêmasi | Ki Untung baris bètèng lang-alang | apan akathah rowange | datan kawarnèng dalu | enjing mêpak baris Kumpêni | Ambon Bugis Makasar | Sêmbawa lumayu | gêgaman awarna-warna | sigra budhal Amral tinuduh nindhihi | lawan mayor sakawan ||

49. pan gumuruh tambur anggumyuri | surak bangkilung wadyèng Makasar | datan kawarna lampahe | bètèng lang-alang rawuh | sira Untung wau winarni | mirsa Kumpêni prapta | gya anata batur | sagunging wong sanakira | apratignya prasêtya parêng ngêmasi | tan nêdya nolih wuntat ||

114. Pangkur

1. wadya Kumpêni umiyat | yèn Ki Untung tata barise linggih | Amral angabani magut | sigra Kumpêni mangsah | swaraning kang sanjata lir prawata rug | pêtêng kêkêsing sandawa | Ki Untung wus angabani ||

2. ing rowang sarêng umangsah | ngamuk rampak nusup kukusing bêdhil | wadya Makasar anglambung | ngêbyuki keri kanan | ramening prang Ki Untung sarowangipun | manêngah lir singa galak | wong satus wus wuru gêtih ||

3. ngiwat-ngiwut ngeri nganan | wong Kumpêni rusak akèh ngêmasi | Bugis Sêmbawakèh [Sê...]

--- 14 : 36 ---

[...mbawakèh] lampus | miwah Ambon Makasar | wong Kumpêni ing wuri akathah rawuh | Ki Untung sarowangira | lir andaka tawan kanin ||

4. ngurugan dening sanjata | datan anggop angêdrèl ing Kumpêni | lwir gêlap sasra mabarung | gurnat miwah gurnita | gutuk api lir udan api kadulu | Ki Untung pangamukira | tan pisah agolong pipis ||

5. ngêsokan mimis lir udan | sira Untung lir sutèng Arjunèki | binyuk sata kurawagung | rêmpu karoban lawan | akèh kanin rowangira akèh lampus | myang Kumpêni akèh pêjah | sawanyawor sungsun tindhih ||

6. sadina dènira aprang | rowangira Ki Untung kang ngêmasi | sawidak kèh belanipun | Kumpêni bêbrêgadan | Bugis Ambon Sêmbawa myang wong Malayu | miwah Makasar kèh pêjah | angrês prajurit Kumpêni ||

7. pan namung wong kawan dasa | sira Untung rowangira kang kari | maksih sudira angamuk | kabèh lir singa galak | sapih kang ayuda kasaput ing dalu | wadya Kumpêni sadaya | wus mundur marang nagari ||

85. Untung ngungsi gêsang dhatêng Sinuhun Sultan Cirêbon

8. Ki Untung ika winarna | pan ing dalu gunêm sarowangnèki | ana ingkang rada sêpuh | Ki Êmbun namanira | alon mojar kabèh sanak-sanak ingsun | paran ta budine samya | kang wong sadaya nauri ||

9. tan ana kang darbe rêmbug | saparane

--- 14 : 37 ---

Ki Untung sun tut wuri | mati uripa tan kantun | Ki Êmbun alon ngucap | mring Ki Untung lah Untung ing pikir ingsun | yèn anggung abandayuda | pira kuwatira ugi ||

10. amungsuh wong sanagara | yèn sirarju payo padha angungsi | Ki Untung alon sumaur | iya sakarsanira | ngêndi ingkang yogya ingungsia iku | Ki Êmbun alon lingira | ing Carêbon pan prayogi ||

11. Sultan Carêbon manawa | wani ngukuhana mring sira iki | ya ta Ki Untung anurut | ing dalu dènnya budhal | ngidul ngetan sêdya anjog ing Cianjur | wong patang puluh tan pisah | kawarnaa wong Kumpêni ||

12. saundurira ayuda | wong Kumpêni sadalu ngati-ati | prasamya abaris tugur | atangkêb lawang kitha | mriyêm samya pinasang palataripun | ing dalu datan winarna | ya ta kawuwusa enjing ||

13. Kumpênyarsa magut yuda | pan kinêrig sagung wadyèng Batawi | budhal swaranya gumuruh | ing ênu tan winarna | praptèng bètèng lang-alang kapanggih suwung | Amral amatah kapitan | pêpitu samya ngulati ||

14. myang wadya Kumpêni Islam | pra kapitan pêpitu kang tinuding | saha wadya matang puluh | têtindhihirèng lampah | wong Kumpêni Mayor Bèndhêrpul ranipun | sigra budhal kang gêgaman | angidul ngetan lumaris ||

15. ya ta ingkang kawuwusa | lampahira Ki Untung sampun prapti | wau nagari Cianjur | anggepak ngalèr ngetan | ing Carêbon sêdyanira [sêdya...]

--- 14 : 38 ---

[...nira] kang jinujug | sigêgên ingkang lumampah | Sultan Carêbon winarni ||

16. darbe abdi kinasihan | pinaputra aran Ki Surapati | sultan kalangkung sihipun | ngugung ingêla-êla | ingapura matèni tanpa dosèku | mangkana Ki Surapati | ambêburu mring wanadri ||

17. wong satus bêbêktanira | sapasikêpanira datan kari | lêmbing sinapan myang tulup | pêdhang tamèng ngarsanya | Surapati ing wana pan sampun rawuh | ararywan malang nèng marga | wong kang lintang prasamyajrih ||

18. dadya angeri anganan | kawuwusa Ki Untung sampun prapti | ing Carêbon tlatahipun | lumêbwèng wanawasa | praptèng unggwanira Surapati wau | Surapati kagyat mulat | wong lêlaku ting kalicir ||

19. kang dèn iring rare pelag | Surapati ngatag wadyaniraglis | padha andhêgên wong iku | ingong arsa têtanya | kang dèn iring undangên mring ngarsaningsun | Ki Untung pan sampun prapta | ing ngarsane Surapati ||

20. Ki Surapati têtanya | sira iki adhi wong têka ngêndi | ing êndi sinêdyèng kayun | sapa wêwanginira | sira Untung alon dènira sumaur | kawula ing Batawiyah | inggih budhaking Kumpêni ||

21. kesah kawula punika | apan dipun siyasat ing Kumpêni | ingkang kasêdya ing kalbu | angungsi ing jêng sultan | ing Carêbon manawi sotah angukup | angabdèkakên kawula | dening papa kawlasasih ||

22. Surapati osik ing tyas | yayi iki yèn sun watarèngati |

--- 14 : 39 ---

ing solah muna myang sêmu | dudu trahing wong rucah | sun watara pantês wijil wong ginunggung | yèn katura marang sultan | pasthi yèn dèn karêmêni ||

23. dhasar gustiningong sultan | rêmên ing wong pêkik grahita lungid | lan malih wong kaduk purun | upama koningana | maring gusti pasthining yèn ingsun kantun | lungsur pangawulaningwang | dadya Surapati angling ||

24. adhi sun peling ing sira | pan nagara Carêbon iki cilik | nanging wingite kalangkung | yèn sirarsa anjinga | atinggala gêgaman tumbak kêrismu | kabèh iku rowangira | aywa gawa tumbak kêris ||

25. lamun nora mangkonoa | tan kalêbu sira marang nagari | payo ta kabèh baturmu | padha barundhulana | gêgamane aturêna marang ingsun | dene ingsun kang anggawa | mring sira marang nagari ||

26. lah iku sakarsanira | Surapati bramatya angêjèpi | ing wadya sarêng anubruk | Ki Untung gya lumumpat | sarwi ngucap mring rowangnya sadayèku | padha sira lumayua | ingsun dhewe kang nanggêni ||

27. sira wus tanpa gêgaman | wong Carêbon sigra dènnya nututi | wadya satus parêng manduk | ambêdhil myang anumbak | Surapati anindhihi wadyanipun | sarêng ngêmbat-êmbat watang | Ki Untung datan gumingsir ||

28. narik patrêm asta kanan | asta keri sampun anarik kêris | anganan ngeri anuduk | tinumbak tan suminggah | wong Carêbon kang kapatrêm akèh lampus | Ki Untung asru sêsumbar |

--- 14 : 40 ---

payo kene Surapati ||

29. aja ngadu wadyanira | Surapati ngatag wadya nèng wuri | payo sosogên ing ganjur | wong siji gôndra pira | urugana ing lêmbing kalawan busur | Ki Untung ngamuk manêngah | kang kaparag akèh mati ||

30. wong Carêbon giris mulat | tandangira Ki Untung angajrihi | lir singabarong kadulu | winatang tan tumama | wong Carêbon akèh longe ingkang lampus | kang kari mawur kewala | tan kêna ingadu malih ||

31. Ki Surapati malaywa | sêdyanira wêwadul mring nagari | ya ta warnanên Ki Untung | rowangnya kang suminggah | sarêng prapta sadaya pan sampun kumpul | angungun ing polahira | wênèh ana anangisi ||

32. Ki Untung apirêmbagan | lan rowange prasamya angling aris | dawêg anyimpang Ki Untung | manawi winangsulan | dening kang wong ingkang ambebêgal wau | Ki Untung alon angucap | amêlasakên derangling ||

33. apan wong nêdya raharja | sayêktine iya manggih basuki | saksana lajêng Ki Untung | lawan sarowangira | kawarnaa Surapati kang lumayu | sampun prapta ing nagara | lajêng tumamèng jro puri ||

34. sultan pan lagya pinarak | Surapati praptèng ngarsa wotsari | gupuh dènira umatur | kawulatur uninga | abdi dalêm gusti akathah kang lampus | binegal wontên ing wana | dening kang amêndhêt kardi ||

35. tiyang saking Batawiyah | wastanipun inggih pun Untung gusti | dene

--- 14 : 41 ---

ing mangke pun Untung | lajêng manjing ing kitha | kèndêl wontên margi pamrapatan wau | Sultan Carêbon ngandika | mring kang wong akèn nimbali ||

36. hèh bocah lah timbalana | wong kang rèrèn ngênu prapatan aglis | iya kang aran Si Untung | wong saking Batawiyah | sigra lampahing duta pan sampun rawuh | ngunggwaning Ki Untung ika | ya ta sampun dèn timbali ||

37. Ki Untung kèrid utusan | sigra prapta rowangnya kantun jawi | Untung binakta malêbu | prapta ngarsanya sultan | ya ta Sultan Carêbon ngandika arum | marma sun timbali sira | Untung marang ngarsa mami ||

38. ingsun arsa atêtanya | marang sira iya praptanirèki | ana ing nagaraningsun | anggawa rowang pira | sira Untung agya manêmbah umatur | inggih gusti kawan dasa | sultan ngunandikèng galih ||

39. ya lane Si Surapatya | kang dursila nglêtuhi praja mami | durung ana luwangipun | lah iya ngêndi ana | mung wong patang puluh ambegal wong satus | dening ta sun êla-êla | têmah nyukêri nagari ||

40. ri sampunnya pinariksa | sira Untung sultan dahat aruntik | gya Surapati pinikut | wus kinon mêjahana | sinudukan sira anèng alun-alun | Ki Surapati wus pêjah | sultan angandika malih ||

41. hèh Untung ingsun wus wikan | sira prapta sêdyanira ing mami | nêdya angungsi sirèku | pan wus ingsun tarima | nanging ingsun Untung tan kawawèng ngrêngkuh | pan iya nagaraningwang | ing Carêbon iki cilik ||

--- 14 : 42 ---

42. sira lajua mangetan | angungsia marang rajèng Matawis | apan iku ratu agung | anyakrawati ing rat | nuswa Jawa apan iku kang amêngku | kawawa ngukuhi sira | dene ingsun angamini ||

43. lan sira sun wèhi aran | ajênênga sira Dyan Surapati | lawan pinasthi sirèku | môngka satruning kopar | sira Untung langkung dènira anuhun | gya manêmbah ngaras pada | amit lèngsèr saking puri ||

44. sapraptanira ing jaba | panggih lawan rowangnya sadayèki | Ki Untung alon amuwus | hèh sanak-sanak ingwang | ngandikane kangjêng sultan marang ingsun | ingsun kinèn angungsia | marang sang rajèng Matawis ||

45. apan sultan tan kawawa | angukuhi dening nagari cilik | amung amine jumurung | mring solah tindak ingwang | lan malihe ingsun pinaring jêjuluk | dening sultan ingaranan | ingsun Radèn Surapati ||

46. rowangnya suka sadaya | dening antuk idine ratu mukmin | Radèn Surapati muwus | lawan ingsun pinêca | dening sultan ing satêdhak-têdhak ingsun | apadene angganingwang | apan satruning Kumpêni ||

47. bapa Bun sira kang tuwa | angaliha ingsun wèhi wêwangi | Bun Jalandriya sirèku | dadia pangidhêpan | ing sakèhe sanak-sanakira iku | sira ingkang nuwanana | kang wong sadaya nauri ||

48. hèh kakang Êmbun mung sira | luwih bênêr karsane radèn iki | sira amungkasi laku | kang ingsun tuwa-tuwa | kabèh iki kakang pan darma lumaku |

--- 14 : 43 ---

ya barang saêrèhira | sira wus wiwekèng wèsthi ||

49. pan radèn maksih taruna | sadungkape sira kang angaturi | wusnya mangkana gya laju | mangkat saking nagara | pan angetan Surapati lampahipun | ing Têtêgal kamarganan | Pamalang kang dipun jogi ||

50. ya ta wau kawarnaa | wong Kumpêni kang sami anututi | kèndêl nagri ing Cianjur | pan wus miyarsa warta | yèn Ki Untung ngalèr angetan jogipun | tan pisah sarowangira | ya ta sagung wong Kumpêni ||

51. ajrih yèn ngungsira têbah | dènnya samya wruh tandangira jurit | duk samana pitung dalu | Kumpêni nèng Pasundhan | wong Pasundhan sadaya kinèn angumpul | nèng Cianjur bêbarisan | sagung ingkang para mantri ||

52. Kumpêni parentahira | barang kang wong liwat kinon aniti | yèn kongsi jangkêp sapuluh | yèn tan mawa dagangan | kinèn nyêkêl manawa iku Si Untung | yèn wong liwat dudu dagang | pêpêtên kang mring Batawi ||

53. wadya Kumpêni wus bubar | mring Batawi kang kantun pacak baris | wong Pasundhan pra tumênggung | kang baris urut marga | yèn ta durung karuwan gone Ki Untung | Kumpêni parentahira | ywa ambubarakên baris ||

86. Surapati ngawula dhatêng Kartasura

54. ya ta wau kawuwusa | lampahira Rahadèn Surapati | Pamalang gepak angidul | praptèng tanah Toyamas |

--- 14 : 44 ---

rarywan dhusun Ngajibarang kang dinunung | pan dhusun ing Ajibarang | patingginira kêkalih ||

55. apan samya kadangira | kalih sanak kang anom Saradênti | Saradênta kang asêpuh | langkung angupasuba | mring têtamu sawusira kawan dalu | sira Radèn Surapatya | samana apacak baris ||

56. pan wus akarya narendra | Saradênta kalawan Saradênti | kang ingadêkakên ratu | sampun anglar jajahan | kanan keri Ajibarang samya nungkul | tan ana wani anglawan | marang Prabu Saradênti ||

57. yèn ana dhusun kang bôngga | gya ginêcak rêmpu tan môngga pulih | dadya prih kang kantun-kantun | wus dadi barisira | amung kantun jroning kitha dèrèng nungkul | sira Tumênggung Toyamas | kang maksih anglawan jurit ||

58. apan sampun linampahan | Êmbun Jalandriya ingkang nindhihi | kitha Toyamas wus rawuh | rame dènira yuda | Ki Tumênggung Toyamas balane rêmpu | datan amôngga puliha | kongsul saking ing nagari ||

59. kèndêl sawetan Toyamas | Ki Tumênggung maksih ngadêgkên baris | nèng Kalijirak kêkuwu | wong sawetan Toyamas | Panjêr Ngrema angumpul barisnya agung | Bun Jalandriya winarna | ratune wus dèn pondhongi ||

60. marang sajroning nagara | wus ngadhaton Sang Prabu Saradênti | Radèn Surapati wau | minôngka putra-putra | Êmbun Jalandriya gêdhig manggalèku | wus agêng dêdamêlira | mangkana ingkang winarni ||

61. sira Radèn Surapatya | abêbisik [a...]

--- 14 : 45 ---

[...bêbisik] mring Bun Jalandriyèki | aywa kelangan sirèku | sun bapa arsa lunga | marang Kartasura arsa suwitèngsun | ing Sang Prabu Amangkurat | yèn ana takon ing mami ||

62. apadene ratunira | awaraha yèn lunga tapa mami | marang ing pasisir kidul | nanging wêwêkas ingwang | marang sira besuk yèn utusan ingsun | sarta gawa singsim ingwang | ratumu cêkêlên aglis ||

63. sira gawaa bêbandan | Ki Bun Jalandriya umatur inggih | sandika ing rèh pukulun | lan malih sira bapa | aywa kandhêg nênêlukakên sirèku | kang abaris Kalijirak | gitikên sapungkur mami ||

64. ri sampunnya amitungkas | gya umangkat Rahadèn Surapati | ing wayah madyaning dalu | angkatnya sing Toyamas | lampahira datan kawarna ing ênu | praptèng nagri Kartasura | radèn abrôngta ing galih ||

115. Asmaradana

1. ingkang sinêdya ing ati | sira Radèn Surapatya | umarêk rêkyana patèh | kang nama Anrangkusuma | lampahnya sampun prapta | wau paregolanipun | anulya atur uninga ||

2. samana kang têngga kori | kalamun wontên wong prapta | arsa ngawula sêdyane | ya ta nulya ingandikan | dhatêng rahadèn patya | Ki Surapati arawuh | ing ngarsa saha wotsêkar ||

3. Radèn Anrangkusumèki | rêsêp ing manah tumingal | sigra angandika alon | lah wong têka ngêndi sira | kamulane ing kuna | lan sapa aranirèku | Ki Surapati tur sêmbah ||

--- 14 : 46 ---

4. tan emut sangkaning alit | kawula têtiyang papa | pêparab kawula anggèr | anênggih pun Surapatya | sêdya amba ngawula | dhatêng gusti kang sinuhun | kalayan malih kawula ||

5. sumêdya angungsi urip | saking amba dèn niaya | dhatêng pun kopar wiyose | inggih manawi sumêlang | ing galih sri narendra | upaminipun jinaluk | ing têmbe badan kawula ||

6. inggih dhumatêng Kumpêni | dados sarune pun kopar | dipun patêdhakna age | inggih ing badan kawula | nanging panuwun amba | abdi dalêm sagungipun | têtiyang jawi punika ||

7. sampun wontên kang umiring | ing salampahe pun kopar | inggih anggèr sayêktose | mênggah Kumpêni punika | kapanggih dalu siyang | apan ta kawula purun | datan nêdya gumingsira ||

8. apan iya jênêng mami | kang matur maring sang nata | ya ta Dyan Surapatyage | wus pinrênah unggyanira | langkung ingupasuba | mring radèn apatih wau | kinadang-kadang sayaktya ||

9. ingandikan saban ratri | ya ta wau kang kocapa | nênggih kang umadêg katong | anèng nagri ing Toyamas | Saradênti punika | wus amibawani wau | andadi gêgamanira ||

10. dene wau kang abaris | anèng dhusun Lèpènjirak | tumênggung ing Toyamase | sampun ginitik samana | dhatêng Bun Jalandriya | rusak wonge akèh lampus | wau Tumênggung Toyamas ||

11. wus tan kawawa nanggêni | sira Tumênggung Toyamas |

--- 14 : 47 ---

samana gya palayune | lajêng dhatêng Kartasura | sêdya atur uninga | datan kawarna ing ênu | ing Kartasura wus prapta ||

12. wus katur sri narapati | ki tumênggung aturira | yèn nagri Toyamas mangke | wontên wong ngadêg barisnya | karaman aprakosa | malah sampun madêg ratu | sang nata kalangkung duka ||

13. sigra kinèn anglurugi | ingkang tinuduh ing lampah | sira rahadèn apatèh | Anrangkusuma saksana | undhangake siyaga | mring wadya prajuritipun | samana Dyan Surapatya ||

14. apan sampun dèn timbali | saksana prapta ing ngarsa- | nira dyan rêkyana patèh | dyan patih aris dêlingnya | adhi ngong arsa lunga | timbalane sang aprabu | kinèn anglurugi ingwang ||

15. ing kraman kang madêg aji | kang atanah nèng Toyamas | Dyan Surapati ature | dhuh radèn atur kawula | inggih lamun kenginga | sampun paduka tumanduk | amunga pun Surapatya ||

16. angrurah kang madêg aji | kraman kang anèng Toyamas | kawula ingkang atanggoh | wêwaha malih kang mêngsah | kawula datan ulap | sayêkti merang kalangkung | yèn amba taksih agêsang ||

17. paduka kongsi nindaki | pundi gèn tingal kawula | dyan patih asuka tyase | radyan aris angandika | adhi yèn mangkonoa | iya karsanira iku | sun matur ing sri narendra ||

18. ri sampuning mangkanèki | gya lumêbêt dyan apatya | ing srimanganti praptage | sampun katur ing sang nata | anuli [anu...]

--- 14 : 48 ---

[...li] tinimbalan | wus prapta ngarsa sang prabu | gya matur Dyan Nrangkusuma ||

19. sinuhun ambatur paksi | nênggih wontên palajêngan | saking Batawi sangkane | awasta pun Surapatya | palajênge punika | ngungsèkakên gêsangipun | sinikantên ing Walônda ||

20. mila ngungsi ing narpati | dene ta datanpa dosa | kinuya ing sapuruge | punika mangke asagah | mangruraha karaman | kang pêksa umadêg ratu | nèng nagri dalêm Toyamas ||

21. pan inggih sagah mêjahi | yèn suwawi rinojongan | pun Surapati ature | inggih ta endah punapa | yèn punika èstua | ing pênêdipun kinukup | yèn awon agya binucal ||

22. sampun nyênyukêri galih | wontên ing ngriku punika | sang nata ngandika alon | lah iya sakarsanira | môngsa bodhoa sira | pan uwis pracaya ingsun | iya marang jênêng sira ||

23. suka ing tyas gya wotsari | Rahadèn Anrangkusuma | wus mêdal saking kadhaton | sapraptanira ing jaba | panggih lan Surapatya | wus dhinawuhakên wau | timbalane sri narendra ||

24. samana Ki Surapati | agya dènira umangkat | saking ngarsane kya patèh | sigra-sigra lampahira | mêdal saking nagara | ing marga datan [data...]

--- 14 : 49 ---

[...n] winuwus | lampahe Ki Surapatya ||

25. ing Kalijirak wus prapti | wus apacak barisira | wong desa kathah praptage | ingkang samya asêsêgah | tarub wetan Toyamas | mirsa jêjênêng sang prabu | samana Dyan Surapatya ||

26. nulya aputusan aglis | kêkalih kang panakawan | ingutus binêkta age | singsime Dyan Surapatya | lampahira wus prapta | ingkang Bun Jalandriyèku | apan sampun katanggapan ||

27. sêmune Dyan Surapati | sira Ki Bun Jalandriya | amangsiti ing rowange | bêbêktan saking Jakarta | kabèh kinèn samêkta | sagêgamaning prang pupuh | mangkat sebèng ratunira ||

28. sapraptanira ing puri- | nira Ki Saradêntika | pan lagya ngabên sawunge | ana ing paseban jaba | ingayap pra pawongan | myang cèthi kagyat andulu | praptane Bun Jalandriya ||

29. tumulya anapa aris | Prabu Saradênti enggal | dèn kaparèng ngarsa kene | apa wartane ing jaba | baya ta ana karya | dene agupuh malêbu | sira Êmbun Jalandriya ||

30. Bun Jalandriya marpêki | saha ngèjêpi rowangnya | tinubruk sing ngiringane | Prabu Saradênti ika | anjumbul wus binônda | myang Saradênta tan kantun | wus ginodhi kalihira ||

31. saksana binakta mijil | Bun Jalandriya sirenggal | apan wus lajêng lampahe | tan kawarna sampun [sa...]

--- 14 : 50 ---

[...mpun] prapta | dhusun ing Kalijirak | samana pan sampun katur | ing Rahadèn Surapatya ||

32. yèn sampun binônda mangkin | inggih ratune punika | kalangkung suka manahe | sira Radèn Surapatya | sigra pinocok enggal | utamangga kalihipun | ing Toyamas ingobongan ||

33. jinarah sèsining puri | èstrine wus binoyongan | Rahadèn Surapatyage | budhal sing nagri Toyamas | datan kawarnèng marga | wus prapta Kartasuresuk | katur ing sri naranata ||

34. yèn wus prapta Surapati | ratu karaman wus pêjah | malah kabêkta murdane | sigra pinanjêr saksana | murdane ratu kraman | Radèn Surapati sampun | ginanjar arta busana ||

35. langkung suka Surapati | saking angraos katrima | karyanya dhatêng sang katong | sampun binagi kang wastra | warata sarowangnya | myang arta kancananipun | langkung sihira sang nata ||

36. akathah ingkang pêparing | mring Rahadèn Surapatya | nèng Kanrangkusuman gone | wus sinungan malih pantya | sarowang Surapatya | cinadhong siyang myang dalu | mring radyan rêkyana patya ||

37. langkung pangupasubèki | dyan patih mring Surapatya | mangkana tan winiraos | ing antara lama-lama | samana kapiyarsa | sing Batawi wartanipun | yèn Ki Untung wus karuhan ||

--- 14 : 51 ---

87. Kapitan Tak badhe nyêpêng Surapati, nêmahi tiwas wontên ing Kartasura.

38. suwita sarowangnèki | marang Prabu Kartasura | malah wus ngalih namane | aran Radèn Surapatya | wau Ki Untung ika | mangkana ika winuwus | apan sami abicara ||

39. sagung nayaka Kumpêni | sadaya wus ingandikan | dhatêng gurnadur jendrale | miwah Idlèr Mur Pamungkas | wus praptèng ngarsanira | wus dadya bicaranipun | atari prajuritira ||

40. lah sapa ta ingkang wani | anyêkêl Si Untung ika | apan agung ganjarane | sarya jinunjung kang lênggah | pra prajurit sadaya | Kumpêni tan wontên purun | dene ta sampun kantênan ||

41. Ki Untung prawirèng jurit | jendral kalangkung kèmêngan | Hèr Mur langkung tikbra tyase | ya ta wontên wong Walônda | satunggal wijilira | saking wong agêng karuhun | nging mangke maksih kapitan ||

42. trahing prajurit linuwih | bapakane duk ing kuna | kang bêdhah ing Makasare | namaning Walônda ika | nênggih Kapitan Êtak | punika ingkang sumanggup | nyêkêl Ki Untung samôngsa ||

43. jendral langkung sukèng galih | angakak srang ngêntrog pupwa | sarwi anyandhak astane | ing Kapitan Tak samana | binêktèng ngarsa enggal | winor lan pra nayakagung | Hèr kalih wêlas punika ||

44. ngupuk-upuk dèn larihi | mring tuwan jendral priyôngga | myang rad [ra...]

--- 14 : 52 ---

[...d] pan Indiya kabèh | sami anglarihi sira | samana wus sinungan | tigang atus kang tinuduh | wong Walônda pêpilihan ||

45. myang wadya Makasar Bugis | sigra mangkat wus binêkta | surat wus numpak palwage | mangkat saking Batawiyah | tan kawarna solahnya | ing laut datan winuwus | muarèng Japantên prapta ||

46. wus labuh jangkarirèki | gya mêntas Kapitan Êtak | tan kari sa-Kumpênine | catur ari nèng Japara | sira Kapitan Êtak | ri sampuning mangkanèku | ajidan ingkang tinêdah ||

47. angaturakên kang tulis | sira jendral mring sang nata | wus kinanthenan lampahe | kêkalih mantri Japara | agya ing lampahira | datan kawarna ing ênu | praptèng nagri Kartasura ||

48. jujug Arya Sindurjèki | sigra tumamèng jro pura | sirarya Sindurêjage | ngaturakên ponang sêrat | wus katur ing sang nata | yèn surat ingkang kêkintun | saking Jendral Batawiyah ||

49. sang nata gya nupiksani | suraos têmbunging surat | sampun kadriya sakèhe | sang aprabu angandika | mring Arya Sindurêja | hèh Arya Sindurêjèku | kayaparan karêpira ||

50. ing layange jendral iki | anjaluk Si Surapatya | Sindurêja awotsinom | yèn suwawi sri narendra | apan pun Surapatya | buroning Kumpêni tuhu | aluwung pinatêdhakna ||

51. dados manahing Kumpêni | yèn paduka ngêkahana | èmêng ngandika sang katong |

--- 14 : 53 ---

hèh Sindurêja mêtua | timbalana yayi mas | Dipati Pugêr dèn gupuh | lan Si Dipati Madura ||

52. Si Jangrana aja kari | wisata Arya Sindurja | tur sêmbah sigra umiyos | tan kawarna lampahira | pangran wus tinimbalan | wus praptèng ngarsa sang prabu | sarta dipatyèng Madura ||

53. Surabaya datan kari | katiga wus praptèng pura | lajêng tumamèng kadhaton | kèrid mring Arya Sindurja | wus praptèng ngarsa nata | mèsêm ngandika sang prabu | yayi mas dèn maring ngarsa ||

54. majêng Pangeran Dipati | Pugêr myang mantri katiga | sang nata ngandika alon | yayi mas paran karsanya | iki layange jendral | Si Surapati jinaluk | Si Êtak ingkang dinuta ||

55. anyêkêl Si Surapati | nanging ing mêngko Si Êtak | misih nèng Japara gone | iku lah sira pikira | iya lan wong têtiga | kapat sira dèn arêmbug | Dyan Dipati Sampang nêmbah ||

56. myang Jangrana matur aris | yèn suwawi karsa nata | lêng pinatêdhakna age | upami kinêkahana | pasthi yèn dados yuda | punika ing têmahipun | abdi Kumpêni lan Jawa ||

57. langkung èmêng tyas narpati | saksana Kangjêng Pangeran | Dipati Pugêr gyature | dhatêng ing raka sang nata | inggih atur kawula | tan nyuwawèni pukulun | ing atur abdi têtiga ||

58. apan ta pun Surapati | pangabdinipun ing tuwan | mangke wontên pakèwêde | tinêdha dhatêng Walônda | winastan mawa dosa |

--- 14 : 54 ---

ing Kumpêni dosanipun | yèn sumêlang tyas sang nata ||

59. lêhêng tinurutan ugi | Kumpêni ingkang panêdha | inggih pinatêdhakake | nanging ta abdi paduka | tiyang Jawi sadaya | sampun wontên ingkang tumut | angrencangi pun Walônda ||

60. dimèn cinêpêng pribadi | apan ta pun Surapatya | tan adosa ing sang katong | yèn abdi dalêm tumuta | ngrusak pun Surapatya | manjing ing sikantênipun | ing wong kang datanpa dosa ||

61. lan malih pun Surapati | punika pan bôngsa Islam | dening lamun pamêksane | Kumpêni dhatêng paduka | inggih tuwan lèsana | ngakêne tan duwe ingsun | dasih ran Si Surapatya ||

62. ana ing nagara mami | kang aran Si Surapatya | angawula patih ingong | iya Si Anrangkusuma | ênggone sumawita | katujon tyasnya sang prabu | ing ature arinira ||

63. gumujêng sang nata angling | bênêr yayi mas dipatya | mangkono ing sauringong | lah iya iku kawrata | surat wangsulan ingwang | dene yèn mêksa anjaluk | Kumpêni mring Surapatya ||

64. apan ingsun pundhut ugi | iya têka dèn cêkêla | lah aywa sumêlang mangke | hèh Sindurja wis mêtua | dhawuhna mring ajidan | mangkono timbalan ingsun | nuli tundhungên dèn enggal ||

65. lan kongkonana sirèki | ngaturêna mring Samarang | lan pracayakêna malèh | kang sun tuduh rumêksaa | iya marang Si Êtak | pangane anèng dêlanggung |

--- 14 : 55 ---

ya Si Rôngga ing Samarang ||

66. Arya Sindurja wus mijil | sapraptanira ing jaba | sigra andhawuhkên age | ing timbalane sang nata | mring sang duta ajidan | gya amit umêsat sampun | ajidan sing Kartasura ||

67. pan sampun wartèng Kumpêni | kang ajagèng Kartasura | datan kawarna lampahe | ing wau sri naranata | alon dènnya ngandika | mring Pangeran Pugêr wau | hèh yayi mas Adipatya ||

68. pan sira sun srahi kardi | dhawuhna timbalan ingwang | yèn Si Surapati mêngko | jinaluk marang Walônda | lan Si Anrangkusuma | kang sun karya wayang iku | lah sakèh punggawaningwang ||

69. padha dhawuhana yayi | kabèh awèha gêgaman | mring Si Surapati age | sigra kang rayi tur sêmbah | umijil saking pura | punggawa kalih tan kantun | sapraptanira ing jaba ||

70. hyang arka tumitih ngardi | jêng pangeran sampun prapta | wau ing padalêmane | sagunging para dipatya | dalu samya ngundhangan | kabèh sampun wontên kantun | dhatêng dalêm Kapugêran ||

71. samana gya sami prapti | sagunging para dipatya | miwah rahadèn apatèh | tan kantun Ki Surapatya | pan sampun sami prapta | dalêm Kapugêran wau | satata sami alênggah ||

72. sagunging para dipati | sawusing tata alênggah | jêng pangeran tumulyage | andhawuhakên timbalan- | nira sri naranata | mring Radèn Nrangkusumèku | hèh paman Anrangkusuma ||

73. timbalane kakang aji |

--- 14 : 56 ---

paman kang dhawuh ing sira | prakara de panjaluke | Kumpêni mring Surapatya | paman kayapa sira | ing karsane kakang prabu | sira kang kinarya wayang ||

74. yèn Si Surapati wani | maguta yudaning duta | ingkang saking Batawine | kang aran Kapitan Êtak | ing mêngko pan lagyana | ing Japara ênggonipun | nanging ta wus ingandikan ||

75. denira ing kakang aji | lah kayapa sanggupira | sira matura ing mêngko | Surapati marang ingwang | yèn sira tan wania | sira lungaa dèn gupuh | saking nagri Kartasura ||

76. yèn sira satuhu wani | anglawan Kapitan Êtak | sayêkti sira ingidèn | marang kakang sri narendra | lan pinaringan sira | kanthi amagut prang pupuh | Ki Surapati tur sêmbah ||

77. dhuh gustiku sang apêkik | sanadyan jendral praptaa | angrig wadya Kumpênine | dèn kêbat satanah Jawa | amba datan gumiwang | inggih sumungkêm ing sanggup | pan mangke badan kawula ||

78. antuk idining rakaji | panyipta amba anandhang | kalangkung pripih jimate | lêbura kadi pratala | wus kasêdya ing nala | ing siyang kalayan dalu | awor pêjah lan pun Kopar ||

79. pintên bangginipun gusti | kawula manggiha gêsang | yèn antuk barkat sang katong | raka tuwan myang paduka | mèsêm Pangran Dipatya | Pugêr sarya ngandikarum | mring Radèn Anrangkusuma ||

80. hèh paman Nrangkusumèki | sirèstu kinarya wayang | milua sapripolahe | iya mring Ki Surapatya | dyan apatih turira |

--- 14 : 57 ---

sandika sukèng tyasipun | pangeran aris ngandika ||

81. mring sagung para dipati | lah payo padha awèha | sakèhe punggawa kabèh | warastra mring Surapatya | ingkang layak prayoga | kang dadya suka tyasipun | Surapati pamilihnya ||

82. umatur Ki Surapati | sampun lyan saking curiga | Pangran Madura nulyage | anguncalakên curiga | dhapuripun sêmpana | Tuban panêti kang tangguh | tinampik mring Surapatya ||

83. sarwi aturira aris | sagunging para dipatya | kang aparing dhuwung kabèh | sampun kêdah kang berawa | lêng kang alit kewala | asal wontên titihipun | dene dhapuring curiga ||

84. wontêna kang tilam upih | myang sangu tumpêng punika | pasopati inggih kangge | miwah dhapur kalanadhah | myang kalamisanika | inggih ta lamun dinulu | pintên gênging siyung ula ||

85. gya samyasung dhuwung alit | sagunging para dipatya | ingkang samya titèh-titèh | ri sampunira mangkana | bubar radèn apatya | myang Surapati tan kantun | miwah kang para dipatya ||

86. wus samyatur sêmbah sami | sadaya pan sarêng bubar | sing dalêm Kapugêrane | wau Radèn Nrangkusuma | prapta ing dalêmira | samana gêganjar sampun | dhatêng ing prajuritira ||

87. arta myang busana adi | ing wau Dyan Surapatya | ya ta wadyanira kabèh | samya sinungan rasukan | sangkêlat bang rinenda | anyatêbah wiyaripun | dene ta lancinganira ||

88. sadaya sangkêlat kuning | pinanji rinendra pêthak |

--- 14 : 58 ---

bêbênting cindhe jo kabèh | prasamya audhêng pêthak | gantya ingkang kocapa | duta ajidan wus rawuh | nêngih nagarèng Japara ||

89. apan ta sampun apanggih | kalawan Kapitan Êtak | sampun katur sasolahe | tuwin andikaning nata | Kapitan Tak sukèng tyas | samana kapitan sampun | budhal saking ing Japara ||

90. ing Samarang kang dèn jogi | Ki Rôngga sampun atômpa | ing timbalane sang katong | Kapitan Êtak wus prapta | nagari ing Samarang | Kapitan Tak wus apangguh | lan Rôngga Martanagara ||

91. sakarsane dèn saosi | kalih dalu nèng Samarang | Kapitan Tak tumulyage | mangkat saking ing Samarang | Ki Rôngga ngiring sira | arumêksa anèng ênu | ing pangan lan tundhanira ||

92. datan kawarna ing margi | ing Kênêr pan sampun prapta | ya ta arêrêb lampahe | Ki Rôngga atur uninga | wus katur ing sang nata | yèn Kapitan Tak wus rawuh | anèng Kênêr saha bala ||

93. rêrêp ngasokkên wadyalit | agya nimbali sang nata | ing Arya Sindurêjane | kinèn karya pasanggrahan | anèng ing Toyadana | dene yèn wus dadya iku | Êtak nuli dèn undanga ||

94. sirarya Sindurêjaglis | sampun anyandhang wêwêkas | angirid punggawa trine | ing Toyadana wus prapta | karya pakuwon sigra | wus dadya nulya angutus | ing mantri kinèn tur priksa ||

95. mring Ki Rôngga ing Samawis | Êtak kinèn ngaturana | ya

--- 14 : 59 ---

ta ingaturan age | Kapitan Tak mring Ki Rôngga | bubar sing Kênêr ika | ing Toyadana dinunung | kawarnaa sri narendra ||

96. dipati ing Surawèsthi | kang kinèn ngobong-obonga | pasowan kidul dalune | saha surak tri gumêrah | ginumyahkên samana | kala bong-obongan dalu | Surapati ngamuk pura ||

97. ya ta lampahira prapti | Kapitan Tak Toyadana | pan sampun kapanggya mangke | lan Sirarya Sindurêja | angol kinol saksana | ri sampuning mangkanèku | binêkta ing pasanggrahan ||

98. atata sami alinggih | Kapitan Tak alon mojar | ki arya ulun kinèngkèn | inggih dhatêng tuwan jendral | myang radpêni sadaya | inggih ingutus anuhun | dhatêng ing pun Surapatya ||

99. kathah dosa ing Kumpêni | pun Surapati punika | lawan lampah kula malèh | inggih kinèn ngaturêna | pakintun tuwan jendral | awarni renda baludru | katura ing sri narendra ||

100. punapa ta mangke taksih | kang aran pun Surapatya | Sindurêjalon saure | inggih maksih wontên tuwan | nanging botên ngawula | dhatêng gusti sang aprabu | kang wasta pun Surapatya ||

101. wontên ing rêkyana patih | inggih pangawulanira | dening duk kala dhatênge | utusan tuwan ajidan | angaturakên surat | sawingkingipun pinundhut | kang wasta pun Surapatya ||

102. inggih karsane sang aji | sinrahakên tuwan jendral | kasraha ing bêbandane | nanging rahadèn [ra...]

--- 14 : 60 ---

[...hadèn] apatya | sangêt ngukuhi ika | ajanji sarênga lampus | kalawan pun Surapatya ||

103. dadya bôngga ing narpati | punapa botên mirsaa | Kumpêni ing misuwure | yèn Radèn Anrangkusuma | amêngsah sri narendra | anglabuhi sêdyanipun | dhumatêng pun Surapatya ||

104. malah ing sadintên wingi | sêdya angamuk ing pura | mêdal pasowan kidule | apan sampun ingobongan | sampuna enggal prapta | Jêng Pangran Pugêr têtulung | inggih dhumatêng kang raka ||

105. kadi kalampahan ugi | bêdhah kadhaton narendra | Êtak langkung gêgêtune | wau sapamirsanira | binanting têpiyonya | sarya anut rawisipun | Kapitan Tak asru nabda ||

106. hèh Ki Sindurêja inggih | antèkna sadina benjang | pasthi yèn uwus kagême | Surapati ngastaningwang | pan sampun sinuguhan | sawadya Kumpêninipun | dening Arya Sindurêja ||

107. datan kawarna ing ratri | wuwusên sri naranata | nimbali punggawa kabèh | kang rayi wus ingandikan | Pangran Pugêr mring pura | samana ing lêbêtipun | aningid para nayaka ||

108. sapraptanira ing puri | ing ngarsanira sang nata | Dyan Surapati sirage | ingandikan lawan sira | Radèn Anrangkusuma | sinandi nilib ing laku | pasowan kidul wêdalnya ||

109. wus prapta sarèng jro puri | ngarsanira sri narendra | nunggil ing pra bupatine | sang nata alon ngandika | hèh yayi mas dipatya | paran ta karsanirèku | kang rayi

--- 14 : 61 ---

matur wotsêkat ||

110. sumôngga karsa narpati | tan darbe atur kawula | apan ing siyang ratrine | pun Surapati tan giwang | naoskên pêjah gêsang | katuripun ing sang prabu | sang nata malih ngandika ||

111. iya yèn mangkono yayi | Si Adipati Madura | lan Surabaya karone | iya ingsun srahi karya | dèn padha asamakta | iku ta ing besuk-esuk | gusaha Si Surapatya ||

112. dèn rame kanthining jurit | iya awêwangsitana | lan Si Arya Sindurjage | poma karo dèn abisa | karya sandining yuda | arsa uningaa ingsun | yudane Si Surapatya ||

113. prange lan Si Êtak benjing | alun-alun siradua | prajurit kalih wotsinom | rampung wêwêling narendra | wau Ki Surapatya | dinuk ing tingal sang prabu | gya mangsah ing ngarsa nata ||

114. pan sampun tampi wêwêling | manêmbah ngaras suku sang | lèngsèr sing ngarsa sang katong | miwah Radèn Nrangkusuma | wus samya tampi wêkas | samana sarêng umêtu | Nrangkusuma Surapatya ||

115. miwah sagunging bupati | apan sarêng atur sêmbah | mring kangjêng sang aprabune | myang Pangeran Adipatya | Pugêr wus atur sêmbah | dhatêng ing raka sang prabu | sarêng mundur saking pura ||

116. Durma

1. tan winarna ing dalu wuwusên enjang | miyos sri narapati | munggwing sitibêntar | andhèr kang balakuswa | wong priyantaka saragni | wus munggèng ngarsa | dwaja angapit-apit ||

--- 14 : 62 ---

2. wong atusan sumambung ing wuri aglar | samya samaktèng wèsthi | jagabaya ngarsa | lawan wong sangkragnyana | mandhung nyutra lawan miji | wong anirbaya | nèng ngarsa sikêp karbin ||

3. partanala kalawan wong darpaita | maundara asisih | lan wong astranôngga | jantaka tanuastra | mandhung sami mandhung nênggih | nyutra pan samya | nyutra kang anisihi ||

4. wirabraja kalawan wong brajanala | wong kanoman asisih | lan wong patrayuda | miwah yudamanggala | asisih lawan wong miji | pinilih ngarsa | sisih sami pinilih ||

5. kartiyasa kalawan wong wisamarta | martalulut anangkil | myang singanagara | munggèng ing ngarsa nata | tan supe anganan ngering | ing prênahira | angubêng sri bupati ||

6. wong katanggung gandhèk mantryanom jajarnya | sangkêp ngarsa narpati | myang wong jagasura | tuwin wisapracôndha | sasikêpira tan kari | kabayan ngarsa | gêdhong wuri narpati ||

7. pan sadaya samya samaktèng ayuda | sagung punggawa Jawi | andhèr panangkilan | samakta saha wadya | ing alun-alun abaris | ucaping wadya | anggêpuk Surapati ||

8. wong Kumpêni kang ajaga Kartasura | sampun sinungan uning | dening sang dipatya | ing Sampang Surapringga | yèn anggêpuk Surapati | wadyèng Madura | lan wadyèng Surawèsthi ||

9. pan abaris ing ngarsa sang adipatya | kalih munggwing ing loji | pan loji samana | maksih jaro kewala | sagung wong môncanagari |

--- 14 : 63 ---

baris ing Sêndhang | dene wadyèng pasisir ||

10. pan sadaya baris Ngrawung Watu aglar | tan lyan bupati kalih | kang amangku karya | Madura Surapringga | ing wau ingkang winarni | Kapitan Êtak | lan Arya Sindurjèki ||

11. apan sampun bubar saking Toyadana | sagung bala Kumpêni | gumuruh swaranya | ya ta Arya Sindurja | pan sampun utusan mangsit | mring sang dipatya | Madura Surawèsthi ||

12. sasampune panggih duta Kasindurjan | lan sang dipati kalih | ya ta Ki Dipatya | Madura Surabaya | asru ngucap ing Kumpêni | tuwan manira | arsa gêcaka aglis ||

13. marang Anrangkusuma nanging andika | barisèng pôncaniti | rumêksaèng nata | sigra samya samakta | sagunging wadya Kumpêni | pan sarêng budhal | lan sang dipati kalih ||

14. kalih atus Kumpêni ing Kartasura | ing alun-alun prapti | abaris malatar | wau kang kawarnaa | wadyèng Sampang Surawèsthi | laju lampahnya | gumrah saha têngari ||

15. pan anglarug marang ing Kanrangkusuman | sawetan Ngasêm nênggih | wadyèng Surabaya | miwah wadyèng Madura | ing lêlurungnya wus prapti | umung kang surak | pan sarwi ambêdhili ||

16. Surapati wau ingkang kawarnaa | miwah rahadèn patih | pan sampun sayaga | samaktaning ayuda | mulat yèn wong Sampang prapti | bêdhol sakala | Rahadèn Surapati ||

17. wadya kawan dasa golong tan kêna sah | miwah radèn apatih |

--- 14 : 64 ---

saha wadyanira | ngalèr paraning lampah | wong Surabaya nututi | lan wong Madura | prasamya ambêdhili ||

18. apan sèwu sunapan kang sarêng munya | sinarêng surak atri | lir gunturing arga | nanging obat kewala | tan wontên amawi mimis | pan pangandika- | nira sri narapati ||

19. kawarnaa Kapitan Tak Ngasêm prapta | kagyat miyarsa bêdhil | Arya Sindurêja | asru pamuwusira | gèh punika Surapati | kinarubut prang | Êtak asru dènnyangling ||

20. alah nêdha Ki Sindurêja dèn enggal | agya ngong nuli jurit | lan Si Surapatya | Arya Sindurja ngucap | tuwan manira pan ajrih | marang sang nata | yèn tuwan pranga margi ||

21. apan ingkang pangandika sri narendra | aso nèng pôncaniti | wadyèng Kartasura | tuwan misih akathah | kang bêbujung Surapati | dèrèng kasoran | sampun age nulungi ||

22. ya ta wontên dutane Dipati Sampang | panggih lan Sindurjèki | duta aturira | kawula pan diduta | ing raka sang adipati | atur uninga | lamun pun Surapati ||

23. dèn bêbujung mangalèr gêpak mangetan | paduka dèn aturi | anuntên enggala | kalawan Kapitan Tak | manawi pun Surapati | ngidul parannya | satêmah gêpok puri ||

24. inggih Ki Arya ngalun-alun barisa | rakanta langkung watir | sigra Kapitan Tak | lan Arya Sindurêja | ginêlak lampahing baris | gumrah swaranya | ing

--- 14 : 65 ---

alun-alun prapti ||

25. wus angumpul barising Kumpêni aglar | gamêng tinon ngajrihi | lor waringin kêmbar | wus samya sinêgahan | dawêgan kalawan cêngkir | dadya gungira | pôncatus wong Kumpêni ||

26. tigang atus gêgawane Kapitan Tak | kalih atus kang lami | myang Bugis Makasar | rongatus winarata | sira Tak minggah sitinggil | wusnya tabean | lawan sri narapati ||

27. atur pakêkintun sing gurnadur jendral | wus katur ing narpati | ya ta Kapitan Tak | alon ing aturira | kawula dinuta gusti | eyang paduka | ngapus buron Kumpêni ||

28. ingkang wontên nagari dalêm punika | sukaa padukaji | sang nata ngandika | iya Tak dèn pracaya | apan ta Si Surapati | bôngga maringwang | lan bôngga ing Kumpêni ||

29. sarupane wong ingsun ing Kartasura | padha sun kon ngrowangi | miluwa ing sira | nguni kang ingsun duta | ambujung Si Surapati | wong ing Madura | lawan wong Surawèsthi ||

30. nanging sira Êtak aja lunga-lunga | nadyan maguta jurit | aywadoh lan ingwang | iya mênèk kasoran | wong Sampang lan Surawèsthi | Si Surapatya | têmah anggêpok puri ||

31. sarêng myarsa Êtak andikaning nata | langkung suka ing galih | asru aturira | dhuh gusti jangan susah | yèn sun Êtak maksih urip | pun Surapatya | gêsang prasasat mati ||

32. inggih gusti wus anèng êsak kawula | ya Surapati baik | nanti

--- 14 : 66 ---

beta ajar | êlu punya kêpala | beta taruk bawah kaki | alatah-latah | sarwi angêmbat wêntis ||

33. wus tumurun Êtak saking sitibêntar | nindhihi barisnèki | ya ta Sindurêja | sigra dènnya utusan | maring sang dipati kalih | ing Surapringga | lan Pangran Madurèki ||

34. amangsit yèn Kapitan Tak sampun prapta | ing alun-alun baris | ya ta kawuwusa | wau Ki Surapatya | dèn bêbujung dèn bêdhili | ing Pepe prapta | anggepak ngetan aglis ||

35. nurut lèpèn Pepe binujung wong Sampang | lawan wong Surawèsthi | sarwi binêdhilan | praptèng Bungas lor wetan | gepak ngidul Surapati | myang radèn patya | ing Sêndhang kang dèn jogi ||

36. sapraptane ing Sêndhang Dyan Surapatya | sêdya aso kariyin | baris sawadyanya | miwah radèn apatya | sawadyanira abaris | aso nèng Sêndhang | maksih dipun bêdhili ||

37. duk samana misuwur sapanangkilan | yèn Radèn Surapati | myang radèn apatya | aso baris ing Sêndhang | gya kawarta ing Kumpêni | yèn Surapatya | anèng Sêndhang abaris ||

38. gya dinuta ajidan mring Kapitan Tak | tur uningèng narpati | yèn Kapitan Êtak | wus andutakkên lutnan | Lutnan Règès kang tinuding | angirid wadya | Walônda sa-Kumpêni ||

39. sêdyanira ambantua ing ayuda- | nira wong Surawèsthi | miwah wong Madura | wau kang kawarnaa | sira Radèn Surapati | kang anjog [anjo...]

--- 14 : 67 ---

[...g] Gumpang | ingkang aso abaris ||

40. anarajang ing baris môncanagara | mawur malêdug ngisis | ya ta cinarita | wontên wadya Madura | lêlurah wong saragêni | kaku tyasira | aran Si Konangpasir ||

41. Konangpasir angucap mring kancanira | akêsêl têmên mami | anggung bêburonan | balalang balulungan | payo padha nganggo mimis | têka sapisan | jinajal sigra bêdhil ||

42. rowangira Surapati siji kêna | wêntise angêmasi | angling Surapatya | wong Sampang liwat ala | madayèng wêling narpati | wangsul sakala | ngilèn Si Surapati ||

43. gya pinagut wadyèng Sampang pan lumaywa | Surapati nututi | wontên ta kacandhak | têtiga tinumbakan | wong Sampang ingkang akanin | katur Pangeran | Madura sukèng galih ||

44. angandika mring Dipatyèng Surabaya | hèh kang ing Surawèsthi | iki olèh tôndha | iya kaparêng uga | wong manira ana kanin | wus winangsitan | wau Ki Surapati ||

45. pan tinuntun dening wadya ing Madura | myang wadyèng Surawèsthi | angilèn lumajar | binujung sinurakan | mring wadyane Surapati | myang wadyanira | wau rahadèn patih ||

46. wong Madura Surabaya kang lumajar | kapêthuk ing Kumpêni | Lutnan Règès ika | ngirid wadyèng Walônda | apan namung sa-Kumpêni | ingkang lumajar | kumpul wuryèng Kumpêni ||

47. Lutnan Règès kèndêl wus anata bala | saha tamburnya

--- 14 : 68 ---

muni | Radèn Surapatya | sarêng wruh wong Walônda | wus nêdya datan gumingsir | samya bêk pêjah | nêmpuh sawadyanèki ||

48. Lutnan Règès pan sampun ngabani bala | ngêdrèl mring Surapati | gumrudug tamburnya | sarêng bêdhil swaranya | Surapati tan gumingsir | samya ambrangkang | waos samya ingirid ||

49. apan pêtêng awor kukusing sandawa | pangamuke angungkih | Radèn Surapatya | sarêng cêlak saksana | gya giyak sarêng numbaki | mring wong Walônda | wadyane Surapati ||

50. apan tumpês sa-Kumpêni wong Walônda | Lutnan Règès wus mati | gya wadyèng Madura | myang wadyèng Surabaya | apan wus lumayu malih | gya sinurakan | mring wonge Surapati ||

51. Radèn Anrangkusuma tansah ing wuntat | amomong Surapati | ya ta kawarnaa | wong Sampang kang lumajar | ing alun-alun wus prapti | gègèr samana | kang baris pôncaniti ||

52. ya ta wau sira Arya Sindurêja | kang momong ing Kumpêni | asru dènnya ngucap | marang Kapitan Êtak | hèh tuwan paran karsèki | de wadyanira | Lutnan Règès wus mati ||

53. miwah wadyèng Madura myang Surabaya | apan sampun kajodhi | akathah kabranan | tan adangu gya prapta | kang samya anandhang kanin | langkung ing ngarsa- | nira baris Kumpêni ||

54. Kapitan Tak mulat kalangkung bramatya | sigra ngabani baris | mukul tamburira | rolas pan sarêng munya | gumrudug anggêgumyuri |

--- 14 : 69 ---

kang kawarnaa | Rahadèn Surapati ||

55. kang bêbujung wong Sampang lan Surabaya | ing alun-alun prapti | kang samya lumajar | lajêng mangilèn samya | ana kang manjing ing puri | gêdhong pasowan | satunggil wus binasmi ||

56. Surapati pan sampun praptèng pagongan | tarap baris alinggih | ya ta sri narendra | munggwing ing sitibêntar | ingadhêp dening parari | katiga samya | munggwing ngarsa narpati ||

57. pan apajêg barising wadya kaparak | rumêksa ing narpati | kanan keri aglar | ya ta wong Kasindurjan | myang wadyaning pra dipati | ambêdhil samya | lawar mring Surapati ||

58. ingadêgan mring wadyane Surapatya | kawur lumaywa ngisis | sira Tak bramatya | sigra ngabani bala | lêlumbungan wong Kumpêni | wong Jawa gumrah | otêr wong sanagari ||

59. wus aparêk Kumpêni awas tumingal | ing wonge Surapati | sigra ingabanan | Kumpêni ambêdhila | lir gêlap sèwu barungi | tambur gumêrah | bangkilung wadya Bugis ||

60. maksih dhêdhêp Surapati sawadyanya | ingêdrèl wanti-wanti | kukusing sandawa | pêtêng lir ampak-ampak | ya ta Radèn Surapati | ngabani bala | sarêng mangsah ing jurit ||

61. wus atêmpuh Surapati ngamuk rampak | Kumpêni anadhahi | akuwêl prangira | gumrudug kang sênapan | pêtêng kukus anglimputi | pangêdrèlira | Kumpêni wanti-wanti ||

62. Radèn Surapati angamuk manêngah | lwir banthèng [ba...]

--- 14 : 70 ---

[...nthèng] tawan kanin | kabèh balanira | lwir buta rêbut môngsa | wong patang puluh apipis | numbak amêdhang | anuduk angakahi ||

63. wus akathah kang kamuk Kumpêni pêjah | ing wuri ambêdhili | Êtak langkung gusar | ambanting topongira | ulat andik naut rawis | marakkên bala | umangsah kang ing wuri ||

64. apan kocaping carita Kapitan Tak | datan cara Kumpêni | nganggya makutha mas | grudha mrêp mungkur ika | têbah jaja anting-anting | lwir Kumbakarna | gêng luhur angajrihi ||

65. ramening prang kang bêdhil lir guntur arga | sarêng lan tambur muni | Radèn Surapatya | sayah pangamukira | mundur prasamya alinggih | anèng pagongan | samya ngulari warih ||

66. ya ta wontên timbalan saking sang nata | nêdha Ki Surapati | aja kalayatan | Surapati turira | sandika aso rumiyin | sigra umangsah | Rahadèn Surapati ||

67. tinadhahan kinarutug ing sênapan | Surapati mangungkih | nêngah sarowangnya | pan sampun sèlèh watang | rukêt angamuk lan kêris | Ki Surapatya | liwung awuru gêtih ||

68. saya kathah kang kamuk Kumpêni pêjah | malah tan ngambah siti | angidak bêbathang | Rahadèn Surapatya | Êtak kang dèn parêpêki | apan kasangsang | ing mimis lir dèn soki ||

69. dhuwungira wolulas kang dèn curiga | Rahadèn Surapati | sabên-sabên angsal | sadasa gya binucal | pan asalin dhuwung malih | apan mangkana | sadangunira jurit ||

--- 14 : 71 ---

70. Kapitan Tak mobat-mabit tandangira | ngabani ing Kumpêni | wontên Lutnanira | Bandhêrbèl namanira | kapranggul dènnya ajurit | candhak-cinandhak | lan Bun Jalandriyèki ||

71. pan sinuduk jajanya lutnan tan pasah | kumrampyang kêrenèki | pinindho tan pasah | malês gêbug sênapan | Bun Jalandriya ngingêri | gêgithokira | cinandhak saking wuri ||

72. pan kalumah Bandhêrbèl wus kinakahan | ginorok wus ngêmasi | ramening ayuda | rukêt ulêng-ulêngan | acaruk pêdhang lan kêris | sênapan pêjah | gêbug-ginêbug bêdhil ||

73. Surapati rukêt lan Kapitan Britman | sinuduk wanti-wanti | Britman datan pasah | sigra malês amêdhang | tan pasah Ki Surapati | gêlut saksana | rame banting-binanting ||

74. Surapati cinakot gulu iringnya | ginêbêg kadi anjing | Surapati gila | sakalarsa lumajar | sêdhih ing ilêrirèki | emut samana | Rahadèn Surapati ||

75. patrêm tapak kinandhut kanthong saruwal | ginagap wus tinarik | Kapitan Baritman | ginoco gulunira | tatas pan sampun ngêmasi | pra upsir samya | kumrubut anulungi ||

76. miwah wonge Surapati akèh prapta | rame dènira jurit | Bugis myang Makasar | prange akulithihan | mulat ing mungsuh agiris | Prabu Mangkurat | suka dènnya ningali ||

77. Kapitan Tak sinosog ganjur tan pasah | winatang datan busik | sigra anarajang | Rahadèn Surapatya | Êtak kang dèn [dè...]

--- 14 : 72 ---

[...n] parêpêki | ginoco sigra | Êtak awanti-wanti ||

78. datan pasah malah pêpêr kang curiga | sigra binucal aglis | Radèn Surapatya | sampun salin curiga | gya nuduk mawanti-wanti | Kapitan Êtak | apan datan abusik ||

79. upasira kalih wêlas Kapitan Tak | durbus agêming jurit | ngêbyok saking kanan | dinurbus binêdhilan | wau Radèn Surapati | sarowangira | sayah gingsir ing jurit ||

80. nèng panggonan atarap samya alênggah | Kumpêni ambêdhili | saking doh kewala | tan purun amarêka | sira Radèn Surapati | pan dhinawuhan | timbalane narpati ||

81. Surapati nêdha sampun kalayatan | dinukan ing narpati | alon aturira | kiyai gih sandika | kenginga aso rumiyin | pan dèrèng suda | manahe ingkang abdi ||

82. lawan rencang punika wontên kabranan | arsa nginuma warih | inggih tiga wêlas | sami angabên brana | wong anggandhèk wangsul aglis | prapta ing ngarsa- | nira sri narapati ||

83. wong anggandhèk sigra matur ing sang nata | ature Surapati | wus katur sadaya | mèsêm sri naradipa | ngandika dhatêng kang rayi | hèh yayi êmas | sayah Si Surapati ||

84. tuwanana payo adhi mas dèn enggal | manawa nêniwasi | sigra jêng pangeran | nêmbah angaras pada | têdhak saking ing sitinggil | mring kamandhungan | wus panggih lan wadyèki ||

85. wadyèng Kapugêran munggwing Kamangdhungan |

--- 14 : 73 ---

wolulas kang pinilih | binêktèng pangeran | kinon salin busana | kadya wonge Surapati | miwah jêng pangran | busananira salin ||

86. iya mindha kadya wonge Surapatya | samya lawan wadyèki | sigra jêng pangeran | mingêr ngilèn lampahnya | mangalèr anjog masigit | wadya wolulas | tan pisah lawan gusti ||

87. nulya mêdal saking masigit angetan | ing alun-alun prapti | ya ta Surapatya | awas dènira mulat | yèn Pangran Pugêr nulungi | sigra umangsah | wongira rêbut dhingin ||

88. Surapati angantêp pangamukira | miwah radèn apatih | wong Kumpêni tadhah | ya ta kangjêng pangeran | saha wadya marêpêki | napung ing yuda | wus awor Surapati ||

89. jêng pangeran wus prapta ngarsanirèng Tak | dyan kinarubut bêdhil | pangran tan suminggah | sarwi nglêlandhak watang | Kyai Palèrèd kinardi | sigra jêng pangran | sira Tak dèn larihi ||

90. jajanira watgata anrus walikat | niba tanpa ngulisik | wadyèng Kapugêran | wolulas ngamuk rampak | anglir banthèng tawan kanin | Kumpêni pêjah | bangke sungsun atindhih ||

91. wong Kumpêni winatara kang agêsang | salawe lan wong Bugis | sumyur pan lumajar | ya ta Arya Sindurja | Kumpêni wus dèn tulungi | kang nandhang brana | samya binêktèng loji ||

92. surapati kalawan sawadyanira | sadaya lir wong ngimpi | ya ta sri narendra | kang munggwèng sitibêntar | suka angandika [angandi...]

--- 14 : 74 ---

[...ka] aris | tuhu prawira | iya Si Surapati ||

93. timbalana yayi dipati dèn enggal | lawan Si Surapati | Si Anrangkusuma | wong anggandhèk tur sêmbah | têdhak saking ing sitinggil | wus tinimbalan | sira pangran dipati ||

94. lawan Surapati minggah sitibêntar | miwah radèn apatih | praptèng ngarsa nata | asru dènnya ngandika | sarwi gumujêng sang aji | padha bagea | kang mêntas mangun jurit ||

95. hèh yayi mas anêmên dènira yuda | akrodha sun tingali | kang rayi tur sêmbah | apan timbalan tuwan | sayêkti kawula ajrih | yèn tan nêmêna | angguguk sri bupati ||

96. ingkang rayi pinatêdhan pêpanganan | jêram kalawan manggis | timun lan sêmôngka | jambu kalawan salak | katiga sami abukti | radèn apatya | myang sang asmarèng jurit ||

88. Surapati dados Bupati wontên ing Pasuruan, kaparingan nama Tumênggung Wiranagara

117. Asmaradana

1. ngandika sri narapati | marang Radèn Surapatya | kaliwat tarimaningong | nanging sira angetana | nagarèng Pasuruan | sun ganjarkên ing sirèku | ing kono sira lungguha ||

2. sira apacaka baris | anèng nagri Pasuruan | poma dèn prayitnèng kewoh | lan sira sun wèhi aran | sira ngaliha nama | anamaa Si Tumênggung | Tumênggung Wiranagara ||

3. manêmbah Ki Surapati | kalangkung panuwunira | ngandika malih sang katong | mring Radèn Anrangkusuma |

--- 14 : 75 ---

lawan sira milua | mring Pasuruan ywa kantun | kalawan Si Surapatya ||

4. tur sêmbah radèn apatih | ing karsa datan lênggana | apan ta sampun sinangon | Rahadèn Anrangkusuma | miwah Ki Surapatya | busana myang reyal nyèwu | sang nata malih ngandika ||

5. payo mangkata tumuli | dalan angobong-obonga | anadene kang sun kongkon | ambêburu marang sira | iya wong Surabaya | lawan wong Madura iku | miwah wong môncanagara ||

6. kêkalih sarêng wotsari | mangaras padèng narendra | tuwin mring Pangran Pugêre | saksana kalih wus mêdal | panggih lan wadyanira | ya ta wau kang winuwus | wadyèng Sampang Surabaya ||

7. saking kilèn angêbyuki | ing bêdhil sinarêng surak | lir parwata rug swarane | myang wadyèng môncanagara | sarêng dènnya umangsah | Radèn Surapati wau | wus lorod sawadyanira ||

8. angetan dipun bêdhili | angobong-obong samarga | pan angêlud saparane | marang wong môncanagara | dening wadyèng Madura | lan wong Surabaya wangsul | ya ta ingkang kawarnaa ||

9. sang nata kondur mring puri | wadya bubar sowang-sowang | sinêngkalan duk yudane | Surapati lawan Êtak | naga sirna angrasa | wani kawuwusèng dalu |Sengkalan: naga sirna angrasa wani (1608 A.J., 1685 A.D.). Kumpêni ingkang lumaywa ||

10. kang samya kèndêl ing loji | pan ing dalu kesahira | aicir kala inggate | karahinan duk ing

--- 14 : 76 ---

marga | tumpês dening wong desa | ya ta wau sang aprabu | enjing miyos siniwaka ||

11. pêpak kang wadya anangkil | sagung kang para dipatya | pra satriya ing ngarsandhèr | Pangran Pugêr myang Pangeran | Arya Panular ika | Radèn Tapa munggwèng ngayun | sang nata alon ngandika ||

12. hèh yayi mas adipati | salungane si apatya | kang gantyanana lungguhe | pan Si Arya Sindurêja | kang rayi atur nêmbah | inggih kalangkung jumurung | ing karsa paduka nata ||

13. kalawan maninge yayi | ya arinira Si Tapa | pan wus liwat diwasane | iku sun paringi aran | Pangran Arya Mataram | lan lêlungguhe wong sèwu | lawan si adhi Panular ||

14. iku padha sun paringi | nêmatus lêlungguhira | kalawan adhi malihe | si paman Natakusuma | ingsun karya wadana | wong gêdhe wadananipun | kang rayi jumurung karsa ||

15. mupakat samya ngèstrèni | sagung kang para dipatya | ing parentahe sang katong | wau ingkang kawarnaa | Rahadèn Surapatya | ingkang mêntas dèn bêbujung | ing ênu datan winarna ||

16. ing Pasuruan wus prapti | sagunging para dipatya | kang bêbujung bali kabèh | ya ta Radèn Surapatya | kang anèng Pasuruan | wus têtêp dènira lungguh | tan ana ingkang sumêlang ||

17. suyud nagri kanan keri | ing Bangil myang Prabalingga | ing Pajarakan wus dene | miwah Japan Wirasaba | ing Daha myang Sarêngat | ing Malang Rênon sumuyud | nungkul marang Pasuruan ||

--- 14 : 77 ---

18. sawetaning ardi Wilis | singa banggaa binahak | pan wus andadi barise | ya ta sagung pra dipatya | môncanagara prapta | ing Kartasura wus katur | mring sang nata solahira ||

19. sukèng tyas sri narapati | ya ta ingkang kawuwusa | pan wus miyarsa wartane | Kumêndur Sêlutdriyansah | kang anèng ing Japara | yèn Kapitan Êtak lampus | tumpês sa-Kumpêninira ||

20. aprang lawan Surapati | ing alun-alun dènnya prang | samana mêngkak driyane | Kumêndur Sêlutdriyansah | sampun akarya surat | kang dinuta layar sampun | mring nagari Batawiyah ||

21. mangkana ingkang winarni | Kyai Arya Sindurêja | pan sampun mêsat dutane | marang nagri ing Japara | pangandikaning nata | kinèn prasadu asung wruh | yèn Êtak tiwas ing yuda ||

22. miwah wadyaning narpati | akathah ingkang kabranan | myang ingkang pêjah wus dene | kang duta praptèng Japara | katur pustakanira | marang ing Kumêndur Sêlut- | driyansah gya tinupiksa ||

23. miyarsa têmbunging tulis | kumêndur èmêng ing nala | nanging tansah gèdhèg bae | kang duta sampun tinulak | datan mawi wangsulan | mangkana ingkang cinatur | pan nagari ing Japara ||

24. wong Jawa lawan Kumpêni | tan wontên saba-sinaba | butarêpan sadinane | wau dutèng Kasindurjan | wus praptèng Kartasura | katur marang sang aprabu | yèn Kumêndur sangêt mêngkak ||

25. mangkana sri narapati | animbali pra dipatya | myang kang rayi

--- 14 : 78 ---

katigane | sapraptanira ing pura | wus munggwing ing ngayunan | sang nata ngandika arum | hèh yayi mas adipatya ||

26. paran karsanira yayi | dene Si Kumêndur mêngkak | iku yayi karsaningong | yèn ana kang dadi marga | bêcik yayi wasisan | ilanga sêsukêr ingsun | Pangeran Pugêr tur sêmbah ||

27. yèn kenging amba ngaturi | sampun kongsi sapunika | têmah ruhara jagate | yèn nata cidrèng wacana | lungsur ingkang darajad | yèn karsa paduka nglantur | asangêt atur kawula ||

28. sanadyan punika kapir | tan wênang yèn cidranana | pan kapir rowang dununge | dènnya sampun kalampahan | têtulung ing paduka | dening wontên marginipun | sok sampun saking paduka ||

29. yèn wontêna margi malih | kadya kang wus kalampahan | sakarsa paduka katong | dadya kang raka ngandika | yèn mangkono yayi mas | atariyèng punggawagung | sapa kang sanggup ngêjuma ||

30. iya mêngkak ing Kumpêni | pan agung ganjaran ingwang | payo pikirên dèn age | kang rayi tur sêmbah mêdal | miwah sagung dipatya | ing srimanganti wus rawuh | tan winarna solahira ||

31. sagung ingkang pra dipati | pasisir môncanagara | kang tinari samya mopo | wontên abdi sri narendra | lungguh mantri kaparak | Ki Jiwaraga ranipun | punika kang sumanggupa ||

32. katur maring sri bupati | ingidèn gya lumaksana | amundhi surat sang katong | myang kêkintun warna-warna | datan kawarnèng marga | ing Japara [Japa...]

--- 14 : 79 ---

[...ra] uwus rawuh | Ki Ngabèi Jiwaraga ||

33. laju tumama ing loji | pêpikul kang munggwèng ngarsa | nèng jawining pintu andhèr | kagyat Kumpêni umiyat | ya ta Ki Jiwaraga | pinanggil marang Kumêndur | Sêlutdriyan wus pinanggya ||

34. Ki Jiwaraga lingnyaris | tuwan manira dinuta | matêdhakakên surate | Jêng Sinuhun Amangkurat | prabu ing Kartasura | lawan ingkang pakêkintun | warni kuda sakêmbaran ||

35. lawan susuh pitung dhacin | lêmbu sèkêt lan marica | Kumêndur gupuh anthuke | pan sarwi ambuka surat | ya ta wus tinupiksa | kadriya raosing têmbung | Kumêndur Sêlutdriyansah ||

Lajêng nyandhak jilid: 15.

--- 14 : [0] ---

Isinipun

83. Ki Agêng Wanakusuma, têdhakipun Ki Agêng Giring, badhe ngrêbahakên Kraton Kartasura. (Dhandhanggula, Durma, Dhandhanggula). ... kaca 3

84. Untung dipun pêndhêt anak dhatêng Kapitan Mur. (Dhandhanggula, Pangkur). ... kaca 26

85. Untung ngungsi gêsang dhatêng Sinuhun Sultan Cirêbon.(Pangkur). ... kaca 36

86. Surapati ngawula dhatêng Kartasura. (Pangkur, Asmaradana). ... kaca 43

87. Kapitan Tak badhe nyêpêng Surapati, nêmahi tiwas wontên ing Kartasura. (Asmaradana, Durma). ... kaca 51

88. Surapati dados Bupati wontên ing Pasuruhan, kaparingan nama Tumênggung Wiranagara. (Asmaradana). ... kaca 74