Sastra Jawa

Program Digitalisasi Sastra Daerah

  • Increase font size
  • Default font size
  • Decrease font size

Babad Tanah Jawi, Balai Pustaka, 1939-41, #1024 (Jilid 15)

Katalog:Babad Tanah Jawi, Balai Pustaka, 1939-41, #1024
Sambung:
1.Babad Tanah Jawi, Balai Pustaka, 1939-41, #1024 (Jilid 01). Kisah, Cerita dan Kronikal | Babad Tanah Jawi #1010.
2.Babad Tanah Jawi, Balai Pustaka, 1939-41, #1024 (Jilid 02). Kisah, Cerita dan Kronikal | Babad Tanah Jawi #1011.
3.Babad Tanah Jawi, Balai Pustaka, 1939-41, #1024 (Jilid 03). Kisah, Cerita dan Kronikal | Babad Tanah Jawi #1012.
4.Babad Tanah Jawi, Balai Pustaka, 1939-41, #1024 (Jilid 04). Kisah, Cerita dan Kronikal | Babad Tanah Jawi #1013.
5.Babad Tanah Jawi, Balai Pustaka, 1939-41, #1024 (Jilid 05). Kisah, Cerita dan Kronikal | Babad Tanah Jawi #1014.
6.Babad Tanah Jawi, Balai Pustaka, 1939-41, #1024 (Jilid 06). Kisah, Cerita dan Kronikal | Babad Tanah Jawi #1015.
7.Babad Tanah Jawi, Balai Pustaka, 1939-41, #1024 (Jilid 07). Kisah, Cerita dan Kronikal | Babad Tanah Jawi #1016.
8.Babad Tanah Jawi, Balai Pustaka, 1939-41, #1024 (Jilid 08). Kisah, Cerita dan Kronikal | Babad Tanah Jawi #1017.
9.Babad Tanah Jawi, Balai Pustaka, 1939-41, #1024 (Jilid 09). Kisah, Cerita dan Kronikal | Babad Tanah Jawi #1018.
10.Babad Tanah Jawi, Balai Pustaka, 1939-41, #1024 (Jilid 10). Kisah, Cerita dan Kronikal | Babad Tanah Jawi #1019.
11.Babad Tanah Jawi, Balai Pustaka, 1939-41, #1024 (Jilid 11). Kisah, Cerita dan Kronikal | Babad Tanah Jawi #1020.
12.Babad Tanah Jawi, Balai Pustaka, 1939-41, #1024 (Jilid 12). Kisah, Cerita dan Kronikal | Babad Tanah Jawi #1021.
13.Babad Tanah Jawi, Balai Pustaka, 1939-41, #1024 (Jilid 13). Kisah, Cerita dan Kronikal | Babad Tanah Jawi #1022.
14.Babad Tanah Jawi, Balai Pustaka, 1939-41, #1024 (Jilid 14). Kisah, Cerita dan Kronikal | Babad Tanah Jawi #1023.
15.Babad Tanah Jawi, Balai Pustaka, 1939-41, #1024 (Jilid 15). Kisah, Cerita dan Kronikal | Babad Tanah Jawi #1024.
16.Babad Tanah Jawi, Balai Pustaka, 1939-41, #1024 (Jilid 16). Kisah, Cerita dan Kronikal | Babad Tanah Jawi #1025.
17.Babad Tanah Jawi, Balai Pustaka, 1939-41, #1024 (Jilid 17). Kisah, Cerita dan Kronikal | Babad Tanah Jawi #1026.
18.Babad Tanah Jawi, Balai Pustaka, 1939-41, #1024 (Jilid 18). Kisah, Cerita dan Kronikal | Babad Tanah Jawi #1027.
19.Babad Tanah Jawi, Balai Pustaka, 1939-41, #1024 (Jilid 19). Kisah, Cerita dan Kronikal | Babad Tanah Jawi #1028.
20.Babad Tanah Jawi, Balai Pustaka, 1939-41, #1024 (Jilid 20). Kisah, Cerita dan Kronikal | Babad Tanah Jawi #1029.
21.Babad Tanah Jawi, Balai Pustaka, 1939-41, #1024 (Jilid 21). Kisah, Cerita dan Kronikal | Babad Tanah Jawi #1030.
22.Babad Tanah Jawi, Balai Pustaka, 1939-41, #1024 (Jilid 22). Kisah, Cerita dan Kronikal | Babad Tanah Jawi #1031.
23.Babad Tanah Jawi, Balai Pustaka, 1939-41, #1024 (Jilid 23). Kisah, Cerita dan Kronikal | Babad Tanah Jawi #1032.
24.Babad Tanah Jawi, Balai Pustaka, 1939-41, #1024 (Jilid 24). Kisah, Cerita dan Kronikal | Babad Tanah Jawi #1033.
25.Babad Tanah Jawi, Balai Pustaka, 1939-41, #1024 (Jilid 25). Kisah, Cerita dan Kronikal | Babad Tanah Jawi #1034.
26.Babad Tanah Jawi, Balai Pustaka, 1939-41, #1024 (Jilid 26). Kisah, Cerita dan Kronikal | Babad Tanah Jawi #1035.
27.Babad Tanah Jawi, Balai Pustaka, 1939-41, #1024 (Jilid 27). Kisah, Cerita dan Kronikal | Babad Tanah Jawi #1036.
28.Babad Tanah Jawi, Balai Pustaka, 1939-41, #1024 (Jilid 28). Kisah, Cerita dan Kronikal | Babad Tanah Jawi #1037.
29.Babad Tanah Jawi, Balai Pustaka, 1939-41, #1024 (Jilid 29). Kisah, Cerita dan Kronikal | Babad Tanah Jawi #1038.
30.Babad Tanah Jawi, Balai Pustaka, 1939-41, #1024 (Jilid 30). Kisah, Cerita dan Kronikal | Babad Tanah Jawi #1039.
31.Babad Tanah Jawi, Balai Pustaka, 1939-41, #1024 (Jilid 31). Kisah, Cerita dan Kronikal | Babad Tanah Jawi #1040.

Serie No. 1289n

Babad Tanah Jawi

Jilid: 15

Panêmbahan Rama ambalela

Bale Pustaka - Batawi Sèntrêm - 1940

--- 15 : [2] ---

Wêwênangipun ingkang ngarang kaayoman miturut anggêr ingkang kapacak ing Sêtatsêblad 1912 No. 600

--- 15 : [3] ---

Surapati dados bupati wontên ing Pasuruhan, kaparingan nama Tumênggung Wiranagara

36. mangrêpa dènira angling | hèh Kiyai Jiwaraga | apuntênipun sang katong | dene kawula anggêga | wartyèng têtiyang kathah | ing mangke baik sang prabu | lah punapa rinaosan ||

37. pan kacatur tigang ari | Jiwaraga nèng Japara | langkung pangupasubane | Kumêndur Sêlutdriyansah | sampun akarya surat | angsul-angsul mring sang prabu | saha ngaturi rêruba ||

38. baludru renda myang gêndhis | êtèh pan sampun tinampan | Ki Jiwaraga nulyage | mêsat saking ing Japara | datan kawarnèng marga | ing Kartasura wus rawuh | katur marang sri narendra ||

39. yèn Jiwaragantuk kardi | surat katur ing sang nata | myang sadaya tur-ature | kang surat wus tinupiksa | sang nata langkung suka | Ngabèi Jiwaragèku | samana sampun ginanjar ||

40. apan kinarya bupati | pinatêdhan ing Japara | kinarya pamugêrane | Kumpêni anèng Japara | sira Ki Jiwaraga | inggih anama tumênggung | Ki Tumênggung Martapura ||

41. wus kinèn budhal tumuli | mantuka marang Japara | datan kawarna solahe | Ki Tumênggung Martapura | pan sampun asayaga | lan saanak grahanipun | budhal marang ing Japara ||

42. ing marga datan winarni | wus praptèng nagri Japara | kumêndur langkung sukane |

--- 15 : 4 ---

dene Kyai Jiwaraga | jinunjung linggihira | lan tinuduh karyanipun | Kumpêni pamugêrannya ||

43. Tumênggung Martapurèki | wus têtêp dènira lênggah | nèng nagari Japarane | samana pan sampun lama | nagari ing Japara | bicarèng Kumpêni runtut | tan ana taha-tinaha ||

44. mangkana ingkang winarni | sira Arya Sindurêja | tinariman ing sang tong |Kurang satu suku kata: tinariman ing sang katong. apan kadang kang taruna | kang kinarya ganjaran | mring Arya Sindurêjèku | kang nama Dyan Ayu Pucang ||

45. ing solah datan winarni | kalanira tinariman | sirarya Sindurêjane | samana sampun kagraha | sira Dyan Ayu Pucang | mring Arya Sindurêjèku | ya ta wau sri narèndra ||

46. undhang mring wadyagung alit | mangkana kang pangandika | iya wadyaningsun kabèh | padha sira ngèstokêna | lamun Si Sindurêja | apan iku ipeningsun | mêngko ingsun junjung nama ||

47. dene ing panjunjung mami | ing mêngko Si Sindurêja | sun wênangkên nama radèn | Radèn Arya Sindurêja | ya ta sagunging wadya | gung alit samya jumurung | ing saandikaning nata ||

48. ri sampune mangkanèki | samana wontên kocapa | tan winarna antarane | kocap sampuning paètak | nênggih wontên wong prapta | pan saking ing Gunungkidul | tunggil wong Wanakusuma ||

49. namane ingkang wong prapti | nênggih Radèn Martadita | dene kathahe rencange | kacatur wong kawan dasa | dhatêng ing Kartasura | apan ta ingkang jinujug | wismane [wisma...]

--- 15 : 5 ---

[...ne] Ki Sumabrata ||

50. samana dipun panggihi | mring Tumênggung Sumabrata | sarya alon patakone | lah radèn karsa punapa | ing saprapta sampeyan | wisma kawula jinujug | kawula dhatêng sumôngga ||

51. wong Wanakusuma angling | iya ta wêruhanira | tumênggung praptèng sun kene | tan amêmundhut mring sira | iya ing praptaningwang | arsa anênagih ingsun | prajanjeane karatwan ||

52. marang ing sri narapati | mêngko wus têdhak ping lima | iya sêdhênge asèlèh | Sumabrata saurira | inggih yèn makatêna | nanging kawula tan purun | angaturênèng narendra ||

53. inggih sampeyan puniki | kadipundi gèn ngaturna | yèn taksih sami barènggèh | apan panjênêngan nata | yèn kang arsa panggiha | yêkti samya tilar dhuwung | tinêngêran sapatutnya ||

54. Radèn Martadita angling | iyapa sakarêpira | sok ingsun têmua bae | lawan kang umadêg nata | sigra sarowangira | ya ta sami asrah dhuwung | mring Tumênggung Sumabrata ||

55. agya sami dèn talèni | sadaya sampun binônda | wus ngaturi uningage | ki tumênggung mring sang nata | sarta ingkang bêbêstan | wus binaktèng alun-alun | sinaosakên sadaya ||

56. sang nata wus animbali | mring sakathahing punggawa | myang para santana kabèh | wus pêpak ing pagêlaran | ing wayah waktu ngasar | saksana miyos sang prabu | pinarak munggèng dhêdhampar ||

57. sigra ngandika narpati | hèh êndi rupane [ru...]

--- 15 : 6 ---

[...pane] baya | lah konên maju marene | ingsun pan arsa uninga | kang nagih prajanjean | saksana binakta maju | wus sumaos ngarsèng nata ||

58. sang nata sigra dènnyangling | hèh wakane pakênira | punapi wontên gawene | têkane ngarsa manira | inggih wontên susunan | sang nata mangsuli wuwus | apa nagih pakênira ||

59. ature ingkang sinung ling | inggih susunan kawula | prapta kawula nênagèh | pan ing mangke sampun môngsa | sêdhêng sèlèh sampeyan | susunan ngandika arum | ênggèh lamun makatêna ||

60. yèn pakênira nadhahi | anôngga ing Ki Balabar | ênggèh manira asèlèh | ature ponang bêbêstan | nênggih Dyan Martadita | inggih suwawi sang prabu | ingungalakên jarannya ||

61. saksana gya dèn larihi | mring Sang Prabu Amangkurat | kang ginoco sêsalange | tatas kang ludira mancur | gya kinarocok enggal | Dyan Martadita wus lampus | dene sanak-sanakira ||

62. pra santana kang nuduki | myang sagung para dipatya | kang samya nuduki kabèh | sang nata wus angadhatwan | murda wus pinanjêran | sadaya wus bubar mantuk | warnanên nagri Japara ||

89. Tumênggung Martapura ing Japara dipun suwun pêjahipun dening Kumpêni

63. samana wontên Kumpêni | ngambil ayame wong Jawa | kang darbe pitik tan awèh | wasana akêkêrêngan | Walônda [Walô...]

--- 15 : 7 ---

[...nda] ginêbagan | cinêkêl binandèng sabuk | lajêng kinarya kasukan ||

64. mukane dèn lêlerongi | ing angus lan gêtah jaran | kunir ênjêt bacingahe | saparan dadya paguywan | ya ta katur samana | marang ing Kumêndur Sêlut- | driyansah langkung runtiknya ||

65. kalangkung sakit ing galih | mring Tumênggung Martapura | wus karya surat dutane | mêsat saking ing Japara | marang ing Kartasura | datan kawarna ing ênu | praptèng nagri Kartasura ||

66. wus panggih lawan apatih | Radèn Arya Sindurêja | pan sampun katur surate | sira Radèn Sindurêja | lajêng tumamèng pura | katur marang sang aprabu | yèn surat saking Japara ||

67. wus tinupiksèng narpati | têmbunge ingkang prakara | anênuhun ing sang katong | Kumêndur Sêlutdriyansah | pêjahe Martapura | dosane apurun-purun | mring Kumpêni siya-siya ||

68. langkung duka sri bupati | animbali pra dipatya | myang kang rayi katigane | sapraptanira ing pura | sang nata angandika | yayi dèn kaparêng ngayun | payo sagunging punggawa ||

69. kang rayi majêng wotsari | myang sagunging pra dipatya | sri bupati ngandikalon | hèh yayi Pugêr wruhanta | layange Si Walônda | alane kalangkung-langkung | apawong sanak lan ingwang ||

70. dene ta awani-wani | anjaluk punggawaningwang | Si Martapura dosane | ingaranan siya-siya | dene tan angupama | marang wong Kumpêni iku | wani akarya kasukan ||

--- 15 : 8 ---

71. mêngko jinaluk ing mami | ilange Si Martapura | dene yayi karsaningong | Si Arya Sindurja lawan | paman Natakusuma | Si Mangunonêng ywa kantun | Si Binarong Suranata ||

72. kalima sun duta sami | marang nagri ing Japara | anadene ing lakune | taria Si Martapura | yèn jinaluk Walônda | yèn dhèwèke wani ngamuk | kabèh sun kon têtulunga ||

73. kang rayi matur wotsari | inggih sakarsa paduka | lamun prayogi margine | sang nata asru ngandika | hèh Arya Sindurêja | padha gabahên baturmu | myang paman Natakusuma ||

74. miliha wong bêcik-bêcik | nora kudu akathaha | kang yogya prawira tanggon | miwah sira Suranata | padha anggêgabaha | Si Mangunonêng sirèku | Binarong sira dèn yitna ||

75. kalima parêng tur bêkti | sang nata malih ngandika | hèh Sindurêja dèn agè | nuli sira angsulana | duta saking Japara | muniyèng sasi ing besuk | patine Si Martapura ||

76. sira kang sun kon nindaki | matèni Si Martapura | lan papat punggawaningong | iku môngka kanthinira | munia jroning layang | Arya Sindurja wotsantun | wus mêdal saking ing pura ||

77. sapraptanira ing jawi | pan sampun akarya surat | wus sinungakên dutane | gya mêsat dutèng Japara | datan kawarnèng marga | ing Japara pan wus rawuh | lan kumêndur wus apanggya ||

78. wus sinung surat narpati | kumêndur gya anupiksa | kalangkung suka ing tyase |

--- 15 : 9 ---

Kumêndur Sêlutdriyansah | ngundhangi marang wadya | dèn samakta saha sugun | yèn prapta dutaning nata ||

79. wusnya mangkana winarni | ri sampuning ing antara | pan sampun gantya wulane | Radèn Arya Sindurêja | pan sampun asayaga | miwah kang punggawa catur | apan wus sami sayaga ||

80. asaos ing pôncaniti | ya ta sampun ingandikan | lajêng tumamèng kadhaton | wus praptèng ngarsa narendra | kang punggawa kalima | wus tampi pitungkas tuhu | kalima sarêng tur sêmbah ||

81. pan sarêng dènira mijil | sapraptanira ing jaba | lajêng budhal sawadyane | gêgaman awarna-warna | ing marga tan winarna | gancanging carita rawuh | pan nagari ing Japara ||

82. Tumênggung Martapurèki | wus asaos pasanggrahan | munggèng ing alun-alune | kumêndur pan wus miyarsa | yèn prapta duta nata | wadya Kumpêni amêthuk | ing ênu wus panggih samya ||

83. lawan rahadèn apatih | wusnya cundhuk têtabean | anulya laju lampahe | ing alun-alun wus prapta | wadya Kumpêni urmat | sanjata lir gunung rugrug | tambur gumuruh swaranya ||

84. lajêng atumamèng loji | Radèn Arya Sindurêja | myang punggawa sakancane | Kumêndur Sêlutdriyansah | langkung angupasuba | Radèn Sindurêja muwus | manira tuwan dinuta ||

85. dening gusti sri bupati | prakawiprakawis. pun Martapura | inggih kasraha pêjahe | nanging karsane sang nata | nadyan silih pêjaha | wontêna ngarsanirèku |

--- 15 : 10 ---

ing benjing manira bêkta ||

86. ing benjing praptaning loji | pun Tumênggung Martapura | andika sêndhal dhuwunge | poma andika samakta | manira gih samakta | manawi niwasi laku | pun Martapura digdaya ||

87. marma sami ngati-ati | sagung prajurit manira | benjing manira bêktèng jro | rumêksa ing pakênira | kumêndur langkung suka | saya trima kasih sungguh | pracayane sri narendra ||

88. angling Radèn Sindurja ris | tuwan lilah pakênira | manira arsa amondhok | angasokakên ing wadya | ya ta kumêndur sigra | angatêrakên ing pintu | rahadèn wus masanggrahan ||

89. miwah sagunging bupati | sadaya wus masanggrahan | datan antara praptane | suguhe Ki Martapura | anggili jêjodhangan | ing ari datan kawuwus | arka wus nitih ancala ||

90. ing dalu ika winarni | Ki Tumênggung Martapura | ingandikan marang pondhok | gunêm lan radèn apatya | miwah catur punggawa | Radèn Arya Sindurja sru | ngandika mring Martapura ||

91. hèh Martapura sirèki | jinaluk marang Walônda | timbalan dalêm maringong | miwah mring catur punggawa | yèn sira wani nglawan | ingsun kinèn milu ngamuk | lawan sakônca manira ||

92. Pangran Natakusuma ris | ngandika gih Martapura | besuk yèn praptèng loji jro | yèn pakênira cinandhak | kabèh kônca manira | nora talangke angamuk | yèn sira wani anglawan ||

93. barêng lêbur barêng mati | bupati [bupa...]

--- 15 : 11 ---

[...ti] iki lan sira | Martapura sru ature | yèn makatên tangkang. timbalan | inggih purun kawula | wuwuha Kumpêni sèwu | kawula datan suminggah ||

94. amungsuh lawan si kapir | ing pundi gèn kapanggiha | ngrangsanga balowartine | pan inggih purun kawula | asêdya sabilullah | alah silih raga ulun | mati bubukên kêwala ||

95. angur ngamuka Kumpêni | yèn matyantuk marga padhang | sarwi anampèl wêntise | suka punggawa kalima | miyarsa sanggupira | Ki Martapura ambubruk | ing dalu datan winarna ||

96. ya ta kawuwusa enjing | punggawa sami samakta | Radèn Sindurja wadyane | satus ingkang pêpilihan | kang badhe barêng pêjah | kang arsa binakta masuk | dene wadyanya kang kathah ||

97. mung badhe nèng jawi loji | Pangeran Natakusuma | salawe pêpilihane | kang badhe sabaya pêjah | Tumênggung Suranata | sawidak santananipun | kang samya tumut palastra ||

98. Ki Mangunonêng amilih | uwong Pathi kawan dasa | kang yogya sarêng lêbure | Ki Binarong pilihannya | antuk wong salawe prah | kang badhe tumut malêbu | ing loji sabaya pêjah ||

99. Tumênggung Martapurèki | amilih wong kawan dasa | wadyèng Japara nom-anom | kang samya dinulang mangap | badhe nglabuhi pêjah | Radèn Arya Sindurjèku | sampun angrasuk busana ||

100. dhuwung sakawan winangking | kalima cundrik agêmnya | kang minôngka cêcothène |

--- 15 : 12 ---

Pangeran Natakusuma | mangking dhuwung katiga | Kyai Gupita ing ngayun | cinothe munggwing adhakan ||

101. Tumênggung Suranatèki | sakawan curiganira | kinêbyuk munggwèng cêcothèn | Ki Mangunonêng nyuriga | dhuwunge kang wasiyat | Tumênggung Binarong sampun | mangking dhuwunge wasiyat ||

102. Pangran Natakusuma ngling | hèh sanak-sanak manira | poma ywa kongsi talangke | anêdha bubuh-bubuhan | gêgêdhène ijèna | kapitan myang lutnanipun | aja kongsi adhi lurah ||

103. nuli tumandang ngawaki | iku sipating narendra | anadene kumêndure | manira kang kabubuhan | ywa lintang anuduka | wus dadya pacanganipun | kris manira Ki Gupita ||

104. mèsêm rahadèn apatih | pangeran nuwun kawula | dènnyagung sih ing marmane | nanging bêbadan kawula | inggih môngsa kantuna | lawan sampèyan angamuk | sarênga sabayantaka ||

105. ya ta kang para dipati | samya ngaturkên prasêtya | ajanji barêng lêbure | wau ta sampun sayaga | wadya kang pêpilihan | samya sikêp pêdhang suduk | wanèh tumbak cêcebolan ||

106. umangkat rahadèn patih | lawan kang catur punggawa | kang wadya prayatnèng kewoh | Ki Tumênggung Martapura | apan kinèn kantuna | mangkya yèn dyan patih rawuh | ing loji ginuladrawa ||

118. Dhandhanggula

1. lampahira praptèng ngarsa loji | wau Radèn Arya Sindurêja |

--- 15 : 13 ---

myang punggawa sakancane | kumêndur sigra mêthuk | saha wadya Kumpêni baris | urmat ing rawuhira | Dyan Sindurêjèku | wusnya samya têtabean | pan sadaya ngaturan umanjing loji | prapta tata alênggah ||

2. munggwing kursi wadya trap ing wuri | sêsêliran binakta sadaya | langkung pangupasubane | sira Kumêndur Sêlut | wusnya nglarihkên èpbrandhu win | kumêndur alon mojar | peran èstunipun | radèn karsa jêngandika | anauri wau Radèn Sindurja ris | mangke manira undang ||

3. maksih kadya rêmbug duk ing wingi | ya ta kumêndur langkung asuka | pan wus andhèr Kumpênine | kang samyandêl ing kewuh | ingkang munggwèng ing kursi dening | watara sapta wêlas | Kumpêni gung-agung | ambanjêng ayun-ayunan | lan sagunge wau kang para dipati | batine ingajangan ||

4. radèn apatih sigra anuding | akèn nimbali ing Martapura | kang dinuta nêmbah lèngsèr | asigra lampahipun | sampun praptèng dalêmirèki | Tumênggung Martapura | api-api ngêlu | mukane pan sinêmburan | Martapura sêsarean dèn pijêti | duta prapta angucap ||

5. nêdha enggal ngandikan mring loji | Martapura alon saurira | iya anak kayapriye | sun iki lagi ngêlu | mêngko thithik manawa mari | Tumênggung Martapura | ing manah ngaduwung | dene kabèh sanggupira | yèn kênaa tinêbas êmas lan picis | wurunge bôndayuda ||

--- 15 : 14 ---

6. duta nulak wus prapta ing loji | katur lamun Kyai Martapura | lagya angêlu sakite | Radèn Sindurêjèku | jajanira lir wora-wari | ngatirah netranira | kang lathi kumêdut | tansah ginigit kang waja | dyan kumêndur miyat radèn sangêt runtik | ngrêrêpa wuwusira ||

7. lah punapa doraning Kumpêni | gèn manira umatur ing nata | miwah ing andika radèn | angkuh piyangkuhipun | Si Tumênggung Martapurèki | liwat dede manuswa | ing satuhunipun | kadi ta dede wong donya | cacakane tuwan radèn kang nimbali | sagêd umatur awad ||

8. ingkang jamak saksat sri bupati | kang tumêdhak wontên ing Japara | yèn anggêp kawula radèn | dhatêng tuwan puniku | tan kêkalih lawan narpati | nêdhaki ing kawula | ambanjiri madu | ngêrobi samodra kilang | aprasaksat kawula manggih rêtnadi | sawukir Danaraja ||

9. yèn makatên tinimbalan malih | sêngadia Kumpêni nyugata | kasukan mring tuwan radèn | gantya ing besuk-esuk | pan kawula samya dhatêngi | mring wismèng Martapura | kasukan anutug | mèsêm Radèn Sindurêja | angandika marang punggawa kêkalih | hèh kakang Suranata ||

10. lawan kakang Binarong dèn aglis | tuwanana ya Si Martapura | kayaparan ing saure | yèn si badane iku | maksih ngaku sipat bupati | poma gawanên enggal | yèn nir sipatipun | kabupatène dèn rujad |

--- 15 : 15 ---

angulihi wijile wong bandak malih | lah kakang wasisakna ||

11. sira cangkinga murdane aglis | dyan umangkat Kyai Suranata | lan Binarong sawadyane | datan kawarnèng ênu | prapta wismèng Martapurèki | Tumênggung Suranata | asru dènnya muwus | hèh Ki Bagus Martapura | atômpaa timbalane dyan apatih | sira apa manuswa ||

12. apa maksih sira ngaku iki | anama Tumênggung Martapura | asipat kabupatène | yèn maksih sira ngaku | ingsun kinèn gawa tumuli | yèn angaku wong bandak | wijiling wong buruh | cangkêmu asuleweran | apan ingsun kinèn nyangkinga tumuli | iya mring êndhasira ||

13. alah iya sira pilih êndi | Martapura sumaur alatah | hèh kakang ora-orane | ingsun maksih tumênggung | nora sêdya nyidrani janji | nanging ta mau kakang | ingsun lagi ngêlu | mêngko kakang payo pangkat | salawase sun sêdya awora gêtih | matia lan si kopar ||

14. Ki Tumênggung Suranata bêkis | adhuh bok aja kakehan ujar | asaru dèn rungokake | sun arani wong buruh | sira iki dadi priyayi | atimu kêlab-kêlab | sanggupmu kumruwuk | saksana sarêng umangkat | Martapura lawan punggawa kêkalih | myang wadya pêpilihan ||

15. tan adangu lampahira prapti | Ki Tumênggung Suranata lawan | Binarong Martapurane | katiga sarêng mangsuk | wusnya tabe lungguh ing kursi | Pangran Natakusuma | asru dènnya

--- 15 : 16 ---

muwus | baya adhi Martapura | lagi ewuh bêburuh amikul pitik | suwe norana prapta ||

16. wontên lutnan andêlirèng wèsthi | wus winangsit kinèn anglariha | marang Ki Martapurage | dyan anglarihi gupuh | Martapura dènnya nanggapi | gumêtêr astanira | lutnan mingêr sampun | ingkang kiwa nyêpêng talam | asta kanan anyandhak kêrisirèki | Tumênggung Martapura ||

17. kêna siji kasêlak nginggati | samya umadêg agung punggawa | myang Kumpêni ngadêg kabèh | Martapura lumayu | têbah jaja radèn apatih | Pangran Natakusuma | mijêt manahipun | Ki Tumênggung Suranata | Mangunonêng Binarong kinèn nututi | Martapura kacandhak ||

18. kapêgatan dening wadyèng jawi | Martapura sampun sinudukan | ajur mumur kuwandane | Suranata sru muwus | sêsêmpalên pakaknèng anjing | sigra kawula Dêmak | anyênyêmpal gupuh | ing jisime Martapura | Suranata lajêng kinèn anjarahi | mring wismèng Martapura ||

19. anak rayate wus dèn jarahi | brana cinacahakên sadaya | atênggênah ing mantrine | Ki Suranata wangsul | sakancane marang ing loji | kumêndur kang winarna | langkung sukanipun | muwus mring radèn apatya | latah-latah kumêndur sarya anglarih | radèn nyana kawula ||

20. Martapura ambôndakalani | botên nyana lamun janma rucah | atêbih lan piyangkuhe | tuwan radèn puniku | ngati-ati bêkta prajurit | ngandika radèn [ra...]

--- 15 : 17 ---

[...dèn] patya | saryasru gumuyu | inggih nyana amba wangkal | nadyan dhingin duk maksih lêlinggih lampit | wontên ing Kartasura ||

21. Jiwaraga sampun nglêlanangi | kumêndur sangsaya latah-latah | yèn makotênmakatên, dan di tempat lain. tuwan radèn | gila salaminipun | pan kasaru praptanirèki | Tumênggung Suranata | lan sakancanipun | katur ing Radèn Sindurja | yèn saisining wisma wus dèn jarahi | rayate binoyongan ||

22. katur sêrat kêkitir donyèki | nanging maksih rinaksèng mandhapa | miwah saanak rayate | rinaksèng mantri agung | Dêmak Garobogan lan Pathi | Rahadèn Sindurêja | mojar ing kumêndur | hèh sudara jêngandika | manawi ta wontên ingkang dèn karsani | tilare Martapura ||

23. ingkang warni brana miwah bini | sira kumêndur mangrêpa mojar | ingkang botên-botên radèn | pan kagungane ratu | yèn nuwuna kawula ajrih | Kumpêni wus kalintang | trima kasihipun | dhatêng gusti sri narendra | pan kawula dèrèng sagêd amangsuli | sagunging kabaikan ||

24. radèn apatih ngandika malih | dhawuhakên andikaning nata | hèh sudara lan malihe | timbalane sang prabu | aprakawis pun Surapati | mangkya nèng Pasuruan | madêg barisipun | bêbahak môncanagara | sri narendra amundhut wadya Kumpêni | amukul Surapatya ||

25. ingkang badhe tinuduh ing kardi | kang minôngka senapatining prang | Adipati Madurane | lawan ing Surèngkewuh |

--- 15 : 18 ---

ngirid sagung wadyèng pasisir | wulan ngajêng punika | nênggih angkatipun | yèn wus dadya kang pirêmbag | pakênira ing benjang kintuna tulis | pasthine kang ubaya ||

26. kumêndur alon dènnya nauri | yèn makatên rahadèn kawula | atur srat mring Bêtawine | tur wikan ing gurnadur | yèn karsane sri narapati | mundhut bala Walônda | kinarya amukul | marang nagri Pasuruan | Radèn Arya Sindurja jumurung kapti | wus bubar masanggrahan ||

27. tan winarna solahirèng nguni | Radèn Arya Sindurêja lawan | catur punggawa lami nèng | Japara madya tangsu | duk samana pan sampun amit | budhal mring Kartasura | saha wadyanipun | kumêndur tur-aturira | mring sang nata sagung ingkang pèni-pèni | kabêkta ing rahadyan ||

28. tan kawarna lampahirèng margi | sira Radèn Arya Sindurêja | myang punggawa sakancane | praptèng Kartasuresuk | pan wus katur marang narpati | kalima ingandikan | tumamèng kadhatun | sapraptanirèng ngayunan | tur pranata sira rahadèn apatih | miwah catur punggawa ||

29. katur sadaya marang narpati | lampahira duk anèng Japara | Martapura sasolahe | gumujêng sarwi ngungun | angandika sri narapati | ing Radèn Sindurêja | sanak putunipun | Martapura biratana | ingsun datan arsa angakua dasih | bèbète Jiwaraga ||

30. ya ta Radèn Sindurja wotsari | ngaturakên sakèhing bicara | myang kumêndur tur-ature | wus katur ing

--- 15 : 19 ---

sang prabu | dyan apatih tur sêmbah mijil | saking jroning kadhatyan | myang punggawa catur | nahan gantya kawuwusa | Panêmbahan Kajoran kang anèng Wukir- | kidul mangkya abôngga ||

90. Panêmbahan Rama ing Kajoran ambalela

31. duk bêdhahe nagarèng Kadhiri | pisahira lawan Trunajaya | panêmbahan pangiline | wong bang wêtan kèh tumut | padhusunan môncanagari | mantuk marang Kajoran | sêdyanirèng kalbu | sapraptanirèng Kajoran | kapiyarsa saking nagari Matawis | duk Prabu Ing Ngalaga ||

32. maksih umadhêg anèng Matawis | apan arsa ginitik ing yuda | panêmbahan sakawone | ngungsi mring Wukirkidul | tapèng têpining jalanidhi | lawan sakabatira | nèng guwa manêkung | sawusing antara lama | panêmbahan samana umadêg baris | kêkuwu ing Malambang ||

33. wong Gunungkidul samya kinait | wus sumuyud marang panêmbahan | sampun andadi barise | nèng Malambang akuwu | cucuking prang sampun ngudhuni | abaris ing Kalesan | samya ngirup-irup | kanan kerining Kalesan | pan sadaya kang mogok dipun gêcêki | suyud sakèh wong desa ||

34. sampun katur marang sri bupati | langkung duka gya kinèn mukula | ingkang tinuduh ing gawe | Dipati Surèngkewuh | Ki Tumênggung Jangrana aglis | budhal saking nagara | saha bala umung | gumrah [gu...]

--- 15 : 20 ---

[...mrah] wadyèng Surabaya | tigang èwu samya prajurit ti-ati | datan kawarnèng marga ||

35. ing Karangasêm Kalesan prapti | duk samana campuh ing ayuda | wong Gunungkidul tandange | binendrong bêdhil sumyur | binyukan tulup kalawan lêmbing |Lebih satu suku kata : binyukan tulup lawan lêmbing. datan anaa tahan | akathah kang lampus | gusis lumayu sar-saran | sakarine kang pêjah lumaywèng wukir | katur ing panêmbahan ||

36. yèn wus kawon cucuking ajurit | dening Jangrana ing Surabaya | wong ardi pan kathah longe | panêmbahan winuwus | duk samana lagya siniwi | dening kang para lurah | lurah Wukirkidul | atarap munggwing ngayunan | panêmbahan samana apasanggiri | pratignya ing ayuda ||

37. panêmbahan angandika aris | anak putu sira tingalana | sun karya pasanggirine | asor ungguling pupuh | nulya kinèn ambêlèh aglis | ing sata kinèn manggang | wus matêng pinundhut | pinêcêl pan wus sinêmpal | munggwing panjang panêmbahan ngandikaris | yèn sata mêngko gêsang ||

38. pasthi ana unggule kang jurit | dyan ginêtak pêcêl munggèng panjang | pêcêl mulya sata malèh | sata mibêr kaluruk | panêmbahan ngandika malih | lah iku pan pratôndha | mênang yudaningsun | kabèh anak putuningwang | yèn ayuda anêmpuha aja wingwrin | myat lungiding warastra ||

39. dene sira yèn palastra jurit | ingsun gêtak pan mangkono uga | matya bisa urip malèh | mungsuh

--- 15 : 21 ---

kalamun lampus | pasthi iku mati sayêkti | ajana walang driya | kabèh wadyaningsun | tuwin anak putuningwang | lamun kêna ing lêlatu aywa miris | nolèha nuli waras ||

40. prawiranya samya sukèng galih | lan maninge besuk yèn ayuda | padha aloka mangkene | payo pêpêcut larut | dening mungsuhira awingwrin | andulu marang sira | katon dhas sapuluh | mungsuh ewon kapalajar | iya payo sêdhênge magutèng jurit | wadya samyatur sêmbah ||

41. wontên ingkang kinarya têtindhih | kêkasihe Ki Rôngga Dhadhapan | sinêmbur bun êmbunane | sinung turôngga sampun | pun Pamulang wastaning wajik | sarwi kinèn wêwuda | nèng luhur kudèku | sawusnya samya samakta | budhal saking ing Malambang swaranyatri | gumuruh surak-surak ||

42. tan winarna ing marga wus prapti | wadyèng gunung bumi Pamasaran | wuwusên wau barise | Dipati Surèngkewuh | myarsa bantuning mungsuh prapti | wadya ing Surabaya | wus samakta mêthuk | ing mungsuh ayun-ayunan | ing kaleca arame campuh ing jurit | wong kidul ngamuk rampak ||

43. Rôngga Dhadhapan ingkang nindhihi | nèng turônggga pan sarwi wêwuda | wong kidul mangkya surake | payo pêpêcut larut | wadyèng Surabaya bêdhili | nanging tan ana munya | kêkês manahipun | sira Ki Rôngga Dhadhapan | maring ngarsa sêsumbar acêrik-cêrik | mawur wong Surabaya ||

44. prajuritnya nir kasuranèki |

--- 15 : 22 ---

wadyèng gunung anglir singalodra | galak mulat ing mangsane | akathah ingkang lampus | wadyèng Surabaya ingungsir | mangilèn lorogira | amogok nèng Wanglu | ingungsir malih lumaywa | pan mangalèr nèng Cèpèr atata baris | wadya ing Surabaya ||

45. nata arahan undhang wong cilik | Pangeran Wôngga ingkang kinarya | wong desa gêgunungane | lawan wontên bêbantu | saking Kartasura kang prapti | sèwu wadyèng Madura | pan sampun akumpul | wong Gunungkidul samana | anèng Wanglu gènira apacak baris | suyud ingkang kancikan ||

46. Ki Tumênggung Jangrana winarni | apan arsa umagut ing yuda | wus samakta prajurite | budhal kang wadya umung | baris Wanglu arsa ginitik | datan winarnèng solah- | irèng marga rawuh | ing Wanglu campuh ayuda | ramening prang ing dhadha wong Surèngwèsthi | kanan keri arahan ||

47. lawan wadyèng Sampang mangsah ngungkih | sanjata pan sadaya wus munya | wong kidul pêngkuh yudane | samyalok pêcut larut | saha ngamuk nusup kukusing | sanjata wadyèng Sura- | baya wuri ambyuk | miwah kang wadya Madura | pan anglingkung anginêbi saking wuri | wadyèng gunung kèh pêjah ||

48. wus kalindhih lumayu angisis | sira Rôngga Dhadhapan kèsisan | binendrong ing sanjatakwèh | ngudanan pasêr busur | Ki Dhadhapan nanging tan kêni | nèng luhur kuda nginthar | wong Surabayanglud | sakarine ingkang pêjah | wadyèng gunung prasamya angungsi

--- 15 : 23 ---

mulih | ngumpul maring Malambang ||

49. sira Rôngga Dhadhapan wus prapti | ing ngarsane Panêmbahan Rama | anungkêmi ing padane | katur sasolahipun | panêmbahan asru dènnya ngling | hèh kabèh wadyaningwang | aywa sudèng kalbu | maksih akèh gêlar ingwang | angumpula mêngko ingsun pasanggiri | asor ungguling yuda ||

50. sira padha janjia pribadi | mêngko marang pasanggiriningwang | panêmbahan mundhut lele | sajodho praptèng ngayun | wadya kinèn samya janjèni | mangkana pamuwusnya | hèh lele sirèku | lamun gusti tulus lanang | sira têka bisa amènèk kêrambil | nuntunga maring papah ||

51. ponang lele gya ginêtak aglis | dening panêmbahan lele mêsat | mènèk kalapa angrèkèl | sapraptanirèng luhur | panêmbahan ngandika malih | lah payo tilikana | kang kinon agupuh | tur sêmbah umènèk sigra | praptèng papah lele sajodho kapanggih | amuntêl anèng tapas ||

52. kang amènèk wus praptèng ing siti | katur lele muntêl anèng tapas | ingkang wadya enggar kabèh | ya ta ingkang winuwus | Ki Tumênggung Jangrana prapti | kang anglud marang arga | saha balanipun | wong wukir gègèr wurahan | kanan keri Malambang kang dèn barisi | warnanên panêmbahan ||

53. têtêp anèng Malambang bêbiting | wong wukir samya ngungsi Malambang | muwêr jro pabitingane | panêmbahan winuwus | apan lagya siniwèng dasih | sira Rôngga

--- 15 : 24 ---

Dhadhapan | nêmbah saha matur | gusti mêngsah prapta ika | kang angêpang abaris ing lèr puniki | pun Tumênggung Jangrana ||

54. kang tinuduh wetan ambarisi | dening Jangrana wadyèng Madura | catur mantri têtindhihe | lan wadyèng Surèngkewuh | tigang atus ingkang anunggil | kilèn tiyang arahan | têtindhihing laku | inggih wadyèng Surapringga | tigang atus lan raka Tuwan Ngawanggi | jênêngi munggèng wuntat ||

119. Pangkur

1. panêmbahan sru ngandika | hèh Dhahapan sira maguta jurit | ênya iki pêcut ingsun | agêmên ing ayuda | arêpêna ing mungsuh dènira mêcut | pasthi mungsuhira rumab | kêkês dulwèng sira wingwrin ||

2. iyèngsun môngsa tegaa | ing ayuda ingsun arsa udani | bok ana rowang kang lampus | ingsun nuli anggêtak | pasthi nulya urip manèh wadyaningsun | kang wadya samyatur sêmbah | kawan atus winitawis ||

3. panêmbahan nulya têdhak | wadyanira angumpul dènnya baris | ingidêran hana kutug | mênyan sarwi andonga | sira Rônggadhadhapan wus tampi pêcut | panêmbahan angandika | lor iki têmpuhên dhingin ||

4. saksana kang wadya bubar | sira Rônggadhadhapan kang nindhihi | pan sarwi amandhi pêcut | munggwing wurining bala | Ki Tumênggung Jangrana sêdya tinêmpuh | gumrêgut tandanging bala | ya ta wadyèng Surawèsthi ||

5. umiyat yèn mungsuh mêdal | saking biting samakta kang prajurit | Ki Tumênggung Jangrana wus | ngrasuk kaprajuritan |

--- 15 : 25 ---

atêngara swaraning bala gumuruh | kumrab wadyèng Surabaya | wus ayun-ayunan jurit ||

6. wong aldaka nêmpuh rampak | Ki Dhadhapan amêcut saking wuri | wadyèng Surabaya anduk | ramya têmpuhing yuda | wadyèng arga samya alok pêcut larut | kêkês wadyèng Surabaya | sanjata tan wontên muni ||

7. wau Panêmbahan Rama | pan amomong munggwing wurining dasih | raywa kêkalih tut pungkur | saha kêkutug mênyan | prapta angin silir-silir awor lesus | ing payudan alimêngan | kêkês wadyèng Surawèsthi ||

8. wadyèng Madura miyarsa | wus sayaga saking wetan ngêbyuki | nanging samya kêkêsipun | tuwin wadya arahan | saking kilèn pan sarêng dènira nêmpuh | gumrah swaraning ayuda | prapta udan riwis-riwis ||

9. wadyèng gung prasamya rumab | Ki Dhadhapan anêmpuh nganan ngeri | wong Surabaya kèh lampus | miwah wadyèng Madura | wong arahan samana pan wus kaburu | wadyèng arga yudanira | lir andaka tawan kanin ||

10. kasapwèng dalu samana | kang ayuda prasamya mundur kalih | amakuwon kalihipun | ing dalu kawarnaa | Panêmbahan Rama siniwèng wadyagung | munggwing kambang panêlêngan | Rôngga Dhadhapan nèng ngarsi ||

11. panêmbahan angandika | hèh Dhadhapan besuk yèn sira jurit | kaya nora kongsi nêmpuh | marang sariranira | tuwin marang wadyaningong kabèh iku | kaya uwis dèning gêlar | gêlar [gê...]

--- 15 : 26 ---

[...lar] ingsun benjing-enjing ||

12. alang-alang sun gêtaka | iku dadi manungsa milu jurit | akèh kadulu ing mungsuh | mungsuh giris umiyat | ingkang wadya enggar sadaya wotsantun | kunêng ingkang kawuwusa | Ki Tumênggung Surawèsthi ||

13. ing dalu apagunêman | kang santana sadaya munggwing ngarsi | miwah para mantrinipun | tuwin mantryèng Madura | myang arahan Pangeran Ngawôngga rawuh | ing Kêkunang lan Pacalan | Têmbayat kang dèrèng prapti ||

14. sira Tumênggung Jangrana | angandika hèh sanak-sanak mami | paran iki wêkasipun | yèn anggung mangkenea | kaya nora sampurna ing sapta tangsu | yèn mêngko karêp manira | ing ayuda sun awaki ||

15. aywa angganggu pangawat | sarupane nunggala lawan mami | Pangeran Wôngga puniku | Pacalan lan Kêkunang | ing Têmbayat wontêna ing wuriningsun | sampun kêdah tumut yuda | ingong dhewe angawaki ||

16. umatur Pangeran Wôngga | pan pun adhi Têmbayat dèrèng prapti | pun adhi mindêl puniku | kêdah wakil kewala | sawarnine inggih sanak-sanakipun | kang binêktakkên kawula | nging maksih kawula iri ||

17. kados ing sadintên benjang | dhatêngipun lan botêne pun adhi | Tumênggung Jangrana muwus | nadyan botên dhatênga | pan sapala ingantosana puniku | parandene wus akathah | santanane kang wus prapti ||

18. pan kula ing benjang-enjang | arsa magut yuda angrurah biting | wong gunung êndhasa sèwu | môngsa ingsun [ing...]

--- 15 : 27 ---

[...sun] mirisa | dika pangran dèn pênêd muji nèng pungkur | dèn kathah sêsuwuk dika | ing kêkêse wadya mami ||

19. yên ta maksih katingalan | nadyan silih mati bisaa urip | sok sampun si bisa mabur | datan kêni tinumbak | yèn taksiha nèng dharat wuwuha sèwu | môngsa ingsun ginggangana | maksih uga tarung akris ||

20. hèh wongingsun Surabaya | para mantri miwah pra kadang mami | ing ayuda besuk-esuk | aywadoh lawan ingwang | milihana wadya têka panca atus | kang yogya parêng antaka | lan wongingsun talangpati ||

21. ing ratri datan kawarna | wusnya enjing samakta ing ajurit | miwah wadyèng arga sampun | sayaga magut yuda | mêdal saking pabitingan wadya umung | têtunggul Rôngga Dhadhapan | senapatining ajurit ||

22. wadyèng arga tandangira | tan awingwrin miyat warastra lungid | lir singarodra dinulu | gurune munggwing wuntat | Panêmbahan Rama sarwi akêkutug | pan wus karsaning Hyang Suksma | pangabaran tanpa dadi ||

23. bêdhil pan wus samya munya | wadyèng Surabaya byuk ambêdhili | ingudanan pasêr busur | wadyèng gunung kèh pêjah | maksih tangguh wadyèng Madura gumulung | pira kadare wong arga | ingurugan ing pêpati ||

24. panêmbahan miyat wadya | anggalasah kadya babadan pacing | ginêtak-gêtak tan wungu | ambêdhol alang-alang | gya sinêbar tan wontên kadadènipun | apan maksih alang-alang | Ki Dhadhapan wus ngêmasi ||

--- 15 : 28 ---

25. binyuking ganjur myang watang | Ki Dhadhapan kuwandanyawor siti | panêmbahan awas dulu | lumaywèng pabitingan | amung kantun wadyastha ingkang tut pungkur | wus atangkêb bapranira | panêmbahan gya anêpi ||

26. kang kori wus jinaganan | awurahan wadya kang nèng jro biting | prajurit Surabayanglud | biting pan wus kinêpang | binêdhilan wadyèng jro gègèr gumuruh | wadya kang tumpês ing rana | somahnya sadaya nunggil ||

27. nèng jro biting tangis umyang | Panêmbahan Rama ingkang winarni | amêgêng napas amêsu | anirkên pôncadriya | tan antara pangraose kang andulu | panêmbahan mulya jaka | anulya kadulu malih ||

28. sarare pangon gêngira | tan antara katingal sabêbayi | nulya musna tan kadulu | sagung ingkang angêpang | wadyèng Surabaya Madura samyanduk | mangukih angrurah jagang | biting sampun dèn lêboni ||

29. puyêngan jro pabitingan | tinumpêsan wong lanang ingkang kari | myang rare cilik tan kantun | yèn lanang pinatenan | wong wadone sadaya wus kinon ngumpul | binoyong binêkta mêdal | pakuwone gya binasmi ||

30. wus brastha pakuwonira | sinangkalan duk bêdhahirèng wukir | têrus sirna bahing ratu |Sengkalan: trus sirna bahing ratu (1609 A.J., 1685/1686 A.D.). wau ta kawarnaa | Ki Tumênggung Jangrana pan arsa kondur | sagung ingkang bêboyongan | wus kinèn bêkta rumiyin ||

31. Tumênggung Jangrana budhal | saking arga kang kinèn angantuni |

--- 15 : 29 ---

pangeran ing Awanggèku | Pacalan lan Kêkunang | bokmanawa saundure baris agung | dene panêmbahan musna | manawa umadêg malih ||

32. ing ênu datan kawarna | lampahnya Tumênggung Jangrana prapti | nagarèng Kartasurèsuk | wus katur sri narendra | solahira duk ing arga sang aprabu | miyarsa tustha ing driya | boyongan binaktèng puri ||

33. sira Tumênggung Jangrana | wus ginanjar arta myang busanadi | ya ta wau sang aprabu | kang rayi ingandikan | sira Pangran Adipati Pugêr rawuh | ing ngarsanira kang raka | sang nata angling amanis ||

91. Sinuwun Amangkurat dhawuh anglurugi Pasuruan

120. Dhandhanggula

1. hèh yayi paran karsanirèki | dene lakune Si Sindurêja | nguni wus dadya janjine | iya lan si kumêndur | mungguh ing Pasuruan iki | goningsun mundhut ika | bala Walandèku | anggitik ing Pasuruan | lawan uwis dèn pracayakakên malih | kang sun tuduh ing yuda ||

2. punggawèngsun Sampang Surawèsthi | angirid wong pasisir sadaya | kang rayi atur sêmbahe | yèn suwawi pukulun | amarêngi lan karsa aji | lêng nuntên linampahan | ing prayoginipun | pun dipati kalihira | nadyan pêpanggihana lawan Kumpêni | benjing wontên ing paran ||

3. mila sadaya mangkata mangkin | pasthinipun Kumpêni punika | yèn saèstu ing lampahe |

--- 15 : 30 ---

yêkti miyos ing laut | sri narendra ngandika aris | lah iku karsaningwang | yayi èstunipun | maksih kaya dhingin uga | wong roro pan iku ingsun karya sandi | kaya duk ing Japara ||

4. durung kontung ing Japara nguni | saking alane kang ingsun karya | Si Jiwaraga mulane | iku wijiling buruh | bangêt karya lingsêm nagari | dumêling nisthaningwang | akarya tumênggung | iya mring Si Jiwaraga | sayêktine yayi nisthaning narpati | kalamun akaryaa ||

5. punggawa ingkang ajrih ing pati | wêwatêke wong wêdi ing pêjah | wani ing palacidrane | ingkang mangkono iku | wêcaning wong ingkang angabdi | durung tumêkèng tekad | ngawula ing ratu | apan jênênging manuswa | sayêktine tan bisa amilih pati | mêngko wataraningwang ||

6. wus sugih kondhang Si Surapati | pantês angêntasana ing karya | ingkang pakewuh sakèhe | iku wataraningsun | yèn tan kawanguran ta yayi | Pangran Pugêr tur sêmbah | inggih sintên purun | mingkis wêwados narendra | yèn suwawi tinimbalan pun dipati | ing Sampang Surabaya ||

7. kinèn asiyaga ing ajurit | sang nata wau sigra anduta | nimbali Dyan Sindurjane | kalih sira Tumênggung | Surabaya myang Adipati | Sampang katiganira | punggawa tri rawuh | ngayunanira narendra | angandika asru sang sri narapati | hèh yayi ing Madura ||

8. lan si tumênggung ing Surawèsthi | padha siyagaa ing ayuda | ngrabasèng Pasuruane |

--- 15 : 31 ---

ngirida wadyaningsun | ya sakèhe wadyèng pasisir | lan wong ing Kartasura | sapratêlonipun | ingkang milua ing sira | punggawa kêkalih samya awotsari | pan sampun jinarwanan ||

9. ing karsane sang sri narapati | kadyaa kang uwus kalampahan | Surapati pakaryane | nanging ywa age têmpuh | ing ayuda yèn durung prapti | iya wadya Walônda | ing parentah ingsun | têka tugura kewala | barisira nèng Pasuruan dèn titih | ya ta sri naranata ||

10. angandika mring Sindurêjèki | hèh Sindurja mêngko ing Japara | ingsun paringakên manèh | mring Sêcanagarèku | Radèn Sindurêja wotsari | iku gya ulihêna | ing ulihe iku | anggawaa surat ingwang | ingkang dhawuh mring si kumêndur ing benjing | têkane ing Japara ||

11. munia sun matêdhani uning | mring kumêndur yèn punggawaningwang | ing mêngko wus budhal kabèh | kang magut ing prang pupuh | lan maninge parentah mami | mring Si Sêcanagara | yèn wus prapta iku | iya nagarèng Japara | siyagaa Si Sêcanagara aglicaglis. | sumusula ing lampah ||

12. ing Pasuruan ywa kongsi lami | gya nututana wau sang nata | wus rampung sapitungkase | Sindurêja wotsantun | myang Pangeran Pugêr Dipati | wus samya apranata | punggawaro sampun | samya mangaras suku sang | apan sarêng sakawan mêdal sing puri | sapraptaning dalêmnya ||

13. Dipati Sampang myang Surawèsthi | angundhangi ing prajuritira | samya sayagèng [saya...]

--- 15 : 32 ---

[...gèng] yudane | wau ingkang winuwus | radèn patih wus animbali | mring Ki Sêcanagara | dhinawuhan sampun | timbalanira sang nata | yèn nagarèng Japara sinungkên malih | nuhun Sêcanagara ||

14. saha kinèn umantuk tumuli | mring Japara saha bêkta surat | kang dhawuh mring kumêndure | Ki Sêcanagara wus | gya umêsat saking nagari | samana tan winarna | ing solahirèku | ya ta ingkang kawuwusa | Adipati Madura lan Surawèsthi | sawusnya asamakta ||

15. budhal saking ing Kartasurènjing | gumuruh swaraning wadyabala | myang wadyèng Kartasurane | sapratêlon kang tumut | lampahira apan pinalih | kang miyos lèr samana | wong pasisir wau | dene kang angirid lampah | wong pasisir atmaja Mandura nênggih | prawira ing ayuda ||

16. nama Rahadèn Dêmang Pasisir | dene kang miyos môncanagara | sang adipati kalihe | gantya ingkang winuwus | Ki Tumênggung Sêcanagari | praptèng nagri Japara | apan wus apangguh | lan tuwan kumêndur agya | sêrat dalêm pinatêdhakkên tumuli | kumêndur tampi sêrat ||

17. sigra tinupiksa ingkang tulis | mirsa dhawuh andika kang kawrat | ing surat langkung sukane | tyasnya Kumêndur Sêlut | sigra undhang wadyèng Kumpêni | sayaga ing ayuda | wus ngambang nèng laut | munggwing ing pacalangira | myang giyota wêwangkang kalawan kèci | sêlup kala samana ||

18. nanging maksih ingkang dèn antosi | dutanira

--- 15 : 33 ---

ingkang dèrèng prapta | kang saking ing Batawine | gonira minta bantu | dadya rêmbên lampahirèki | wau kang kawarnaa | sira Ki Tumênggung | Sêcanagara sayaga | sawadyanya nèng Japara tan alami | sigra sumusul ing prang ||

19. tan winarna solahirèng margi | Sêcanagara mêdal lautan | angsal angin palayare | warnanên kang rumuhun | sakathahing para dipati | kang saking Kartasura | ing Gênthong dinunung | praptane wus pamondhokan | bêbarisan Sêcanagara duk prapti | wus nunggil barisira ||

20. lami nèng Gênthong para dipati | anganti ing Kumpêni tan prapta | samya ngeca-eca tyase | Dipati Sampang sampun | aputusan atur upaksi | ing gusti naranata | mêsat kang ingutus | ing ênu datan kawarna | kang caraka ing kapatihan wus prapti | tumamèng ngabyantara ||

21. sampun cundhuk duta lan dyan patih | Sindurêja glis binakta sowan | dhatêng ing pura sirage | suratira wus katur | tinupiksa mring sri bupati | arum wijiling sabda | hèh patih dèn gupuh | layang angsul-angsulana | aywa kongsi lawas dutane anganti | gya tulakên mentara ||

22. parentahana ywa mulih-mulih | padha enaka abêbarisan | dyan patih atur sêmbahe | mêdal saking purarum | sampun praptèng wismanirèki | nulya akarya surat | sinungakên sampun | ing duta tumulya mêsat | tan kawarna lampahnya Gênthong wus prapti | tumamèng ngabyantara ||

--- 15 : 34 ---

23. sampun dhawuh dhatêng Sang Dipati | Cakraningrat surating narêndra | sakalangkung panuwune | mangkana tan cinatur | laminira dènnya abaris | ing sabên-sabên warsa | bulu bêkti katur | upêktinya Surapatya | katur nata amargi saking Dipati | Sampang Anyakraningrat ||

92. Sinuhun Amangkurat besanan kalihan ingkang rayi Pangeran Adipati Pugêr

24. langkung dhêmit tan ana udani | Surapati yèn atur upêktya | Dipatyèng Sampang jujuge | mangkana kang winuwus | nagri dalêm nandhang kêkêling | wadyalit kathah rumab | nanging nuli mantun | anging kantun larang pangan | wadyèng Kartasura datan ana bukti | miwah ing padêdesan ||

25. langkung putêk driyaning narpati | dene nagri lagya abêbakal | kasêndhu larang pangane | sungkawèng tyas sang prabu | ingkang rayi glis dèn timbali | Pangeran Kapugêran | tan adangu rawuh | praptèng ngarsa atur sêmbah | dyan rinangkul mring nata ngandika aris | ari mas alinggiha ||

26. marma sira yayi sun timbali | nagara Jawa ingsun lan sira | yayi kang dèn tiwasake | apan nisthaning ratu | yèn nagara larang binukti | wadyalit kathah rusak | samya mangan gadhung | yèn nagri tan waluyaa | yêkti nistha goningsun jumênêng aji | ana ing Kartasura ||

27. yèn tana pitulunging Hyang Widi | murah pangan nagri Kartasura | sun tilar praja têmahe | lêhêng tumêkèng lampus |

--- 15 : 35 ---

ingsun merang miyat wadyalitya |Lebih satu suku kata: ingsun merang miyat wadya lit. kang rayi atur sêmbah | dhuh kakang mas sampun | yèn kawula taksih gêsang | pintên banggi wontên pitulung Hyang Widi | kawula amit kesah ||

28. sri narêndra angandika aris | iya adhi muga salamêta | dèn anêdya olèh gawe | ari gya awotsantun | mêdal saking ing dalêm puri | wus praptèng dalêmira | jêng pangeran gupuh | sigra angracut busana | dyan asalin abusana cara santri | arsa anamur kula ||

29. Sang Dipati Pugêr gya lumaris | kang sinêdya nagri Ngaksigônda | katiwang-tiwang lampahe | amurang-murang ênu | tanpa rowang dènnya lumaris | wadya tan ana wikan | lamun gustinipun | dènnya sêsantri kewala | arsa ngêmis mangkya larang bêras pari | mila ngêmis mring pasar ||

30. asmu sayah kang amimba santri | tanpa rarywan dènira lumampah | kawlasarsa sapolahe | praptèng Pasar Kapundhung | rarywan anèng sasor waringin | samana nuju pasar | kathah kang andulu | wadyalit wade katela | gawunggadhung. uwi sinade bêbêtan sami | samya kinarya sêga ||

31. kang mindha santri micarèng ati | bênêr andikane sri narendra | wadyalit langkung rusake | awêlas sun andulu | marang abdi nata wong tani | dene pating kudhangsang | tambuh polahipun | yèn tan ana asihing Hyang | yêkti rusak nagara ing tanah Jawi | sapa ingkang kelangan ||

32. tan lyan ingsun lawan kakang aji | kang kelangan rusaking nagara | rat Jawa

--- 15 : 36 ---

ingsun kang duwe | mangkana ciptanipun | jêng pangeran wus mentar aglis | angidul lampahira | tan kawarnèng ênu | wus prapta ing pagêlaran | ing Palèrèt samana sarè sawêngi | nênêdha ing Hyang Suksma ||

33. byar rahina jêng pangran lumaris | ngalèr ngetan sêdyanirèng driya | akarsa mring Pasar Gêdhe | karsananira manêkung | nanging wadya tan ana uning | lumaris lampahira | kang wayah wus dalu | Pangeran Pugêr samana | bakda isa ing Pêkên Agêng wus prapti | jujug waringin kêmbar ||

34. asêsèndhên anèng sor waringin | anênêdha marang ing Hyang Suksma | pangeran sêsuci age | wus wayah tabuh têlu | karsanira salat mring masjid | awor lan santri kathah | amojok gènipun | santri kèh tan ana wikan | yèn gustine tumut asalat ing masjid | kang mutêr ing rat Jawa ||

35. tan tawarnakawarna. solahirèng nguni | sampun bakda denira asalat | para santri bubar kabèh | kang mindha santri kantun | dyan maladi sêmadi êning | tan dangu katingalan | sihirèng Hyang Agung | pan awarni tompo pitrah | wus pinundhut kang tompo sigra kinêmpit | jêng pangeran wus mêdal ||

36. ing wayahira pan maksih enjing | jeng pangeran sigra maring pasar | atanya wong nêmpurake | pintên ta rêginipun | uwos dika punika nyai | kang tinakonan mojar | satompone nêlu | kang pindha santri ngandika | sarya mêdalakên tompo kang kinêmpit |

--- 15 : 37 ---

puniki têlu suwang ||

37. kang darbe wos anyêntak mucicil | hèh ki santri langar kaya sira | bêras nêlu satompone | baya wus lumrahipun | yèn wong santri kurang dêdugi | tompone tompo pitrah | gêdhene kalangkung | kudu olèh nêlu suwang | mandahane gonira nêdha ki santri | kongsi agulimpangan ||

38. Sang Dipati Pugêr anauri | sampun sêdhêng nyai ing rêrêgan | têlung pitrah disuwange | kang wade nyêntak asru | jêng pangeran sigra lumaris | pan sabên-sabên pasar | mangkana cinatur | akarya rêganing bêras | kang datan wruh dèn arani wong dalêming | saparane sinêntak ||

39. tan kawarna solahirèng nguni | sampun jangkêp kawan dasa dina | wus tinrima sasêdyane | mirah kang bêras pantun | eca manahing wadya tani | myang nagri Kartasura | awaluya sampun | murah sandhang lawan pangan | sang dipati wus kondur marang nagari | tumama ing kadhatwan ||

40. wus apanggih lawan sri bupati | kang Sinuhun Prabu Amangkurat | kang rayi rinangkul age | ki dipatya riningsun | wus tinrima dening Hyang Widi | pan uwus sarwa murah | saungkurirèku | kang rayi matur anêmbah | amba darmi lumakwèng karya narpati | kang rayi sigra mêdal ||

41. datatita sira Sang Dipati | Kapugêran ingkang winursita | kang anèng pabarisane | Pangeran Madurèku | myang dipati ing Surawèsthi | sami aparêmbagan | lawan punggawagung |

--- 15 : 38 ---

karsane pangran ing Sampang | karya tilas aprang lawan Surapati | samya prang gêgorohan ||

42. angêntosi Kumpêni wus lami | datan nusul marang pabarisan | pra punggawa èmêng tyase | Dipati Surèngkewuh | datan rêmbag karsanirèki | sae ngaturi sêrat | ing gusti sang prabu | punapa rèhe narendra | sampun wiyang Pangeran Madura aglis | nulya akarya surat ||

43. mantri kêkalih ingkang tinuding | ngaturakên surat mring narendra | nahan caraka lampahe | gantya ingkang winuwus | kang mangku rat ing nuswa Jawi | kacatur sugih garwa | sira sang aprabu | putri saking ing Sumêdhang | dadya padmi langkung sihira narpati | kang jumênêng Ratu Mas ||

44. garwa ingkang saking Surawèsthi | Radèn Ayu Lor kêkasihira | Dyan Ayu Kidul sisihe | Ratu Kilèn kawuwus | têrah saking têtiyang alit | wêkaning lurah jagal | dyan kinarya ratu | kacarita sri narendra | larang putra agung grahaning narpati | dèrèng wontên pêputra ||

45. anging Ratu Kilèn kang miyosi | apêputra lawan sri narendra | priya abagus rupane | langkung sihe sang prabu | dyan kinudang-kudang dadyaji | mangkya sampun diwasa | pan jinunjung lungguh | jumênêng kangjêng pangeran | adipati anom ing Kartasuradi | wus misuwur sadaya ||

46. wus pinarnah kadipatèn mangkin | sinung dhusun cacah gangsal nambang | sakalangkung pamuktine | kacarita sang prabu | duk purwane kadhaton nguni | datan [data...]

--- 15 : 39 ---

[...n] amawi bata | bêbêthèk sang prabu | watawis wontên sawarsa | salin gêbyog tan alami nulya salin | pagêr jaro kewala ||

47. wusing patak karya kang capuri | wadung têmpak wau sri narendra | ing jawi kinèn agawe | bata cinacing kalung | datatita kadhaton aji | ya ta kang kawarnaa | Pangran Pugêr wau | kacarita sugih putra | ingkang èstri atmajanira kêkalih | sapta atmaja priya ||

48. putra ingkang pambajêng pawèstri | akêkasih Radèn Ayu Lêmbah | sor widadari citrane | ingkang badhe pinundhut | wus pinacang-pacang duk alit | pinanggihakên lawan | putra sang aprabu | arine Dyan Ayu Lêmbah | akêkasih Radyan Impun yu linuwih | putri ing Kapugêran ||

49. panênggak jalu warnane pêkik | apêparab sira Radèn Teja | Rahadèn Mêsir arine | citranira abagus | Radèn Papak arine malih | sira Rahadèn Kawa | nênggih kang waruju | putra pônca kang punika | kacarita samya miyos saking sêlir | sira sang adipatya ||

50. grahanira pangeran kang padmi | nênggih putri saking Juminahan | sampun apêputra mangke | têtiga sami jalu | warnanira samya apêkik | kêkasih Radèn Surya | putra ingkang sêpuh | panênggak Radèn Sasôngka | kang waruju Radèn Sudama namèki | katri bagus kang warna ||

51. Jêng Pangeran Pugêr langkung asih | mring atmaja langkung ngêla-êla | anak kang asih putrane | kawarnaa [kawarna...]

--- 15 : 40 ---

[...a] Sang Prabu | Amangkurat ing nuswa Jawi | lagya siniwèng garwa | anèng jro kadhatun | naradipatya ngandika | timbalana sutèngong Ki Adipati | Anom Mangkunagara ||

52. ingkang kinon mentar awotsari | animbali pangeran dipatya | datan kawarna lampahe | kang ingandikan gupuh | tumamèng jro prapta ing ngarsi | ning rama atur sêmbah | mangusapi lêbu | rinangkul mring sri narendra | sang natangling sutèng ulun ki dipati | sira wus adiwasa ||

53. wus amêpêg birainirèki | sêdhêng kaki amanguna krama | olèha kadangmu dhewe | pêpacangan duk timur | atmajane ari dipati | ing Pugêr pan wanodya | warnanipun ayu | ingkang aran nini Lêmbah | duk lagyalit sun pacangkên lan sirèki | ing mêngko tulusêna ||

54. jêng pangeran matur awotsari | patik aji pan dèrèng uninga | ari nata atmajane | angandika sang prabu | yèn mangkono mentara kaki | marang ing Kapugêran | kang putra wotsantun | sampun mêdal saking pura | jêng pangeran dipati lampahnya aglis | wus praptèng Kapugêran ||

55. Radèn Têja lagya anèng kori | kagyat mulat praptane kang raka | anulya malêbêt age | katur uninga sampun | dhatêng rama yèn raka prapti | Pangeran Pugêr mojar | hèh Surya dèn gupuh | padha sira gêgêlara | hèh ta Têja mêtua sira dèn aglis | nah anggèr aturana ||

56. Radèn Têja mentar awotsari |

--- 15 : 41 ---

praptèng jawi panggih lan pangeran | dipati ngaturan age | kang raka lumastantun | Radèn Têja nulya kinanthi | prapta ing palataran | sira sang abagus | Pangeran Pugêr gya têdhak | ingkang putra astane sampun kinanthi | dyan ingaturan lênggah ||

57. ri sampune atata alinggih | para putra sumiwi ring ngarsa | kang paman alon ature | anggèr dingarènipun | amêng-amêng dhatêng ing ngriki | baya ta wontên karya | kang tinanya matur | dinuta ing kangjêng rama | sang dipati ing Pugêr sampun andugi | yèn raka darbe karsa ||

58. Radèn Sudira dinuk ing liring | pan uninga karsane kang rama | anulya mêsat sirage | ing dalêm sampun rawuh | raka èstri kapanggih linggih | Rahadèn Ayu Lêmbah | kagyat dènnya dulu | atanya ing arinira | kadingarèn yayi sira praptèng ngriki | baya ta ana karya ||

59. Dyan Sudira matur awotsari | kakang êmbok paduka ngandikan | mring rama lah dipun age | pawohan sampun kantun | kinèn bêkta atur nèng ngarsi | sang dyah ayu ngandika | sapa tamunipun | jêng rama mundhut pawohan | ingkang rayi umatur sarya wotsari | tamunipun kakang mas ||

60. Radèn Ayu Lêmbah angling aris | kadingarèn kakang mas dipatya | yayi mratamu marene | dhuh yayi sungkan ingsun | nadyan kadangira pribadi | mapan sami diwasa | èstri lawan kakung | yêktine ingong lênggana | Dyan Sudira umatur [u...]

--- 15 : 42 ---

[...matur] angasih-asih | kangbok atur kawula ||

61. sampun paduka lêngganèng kapti | datan wande dinukan ing rama | Dyah Ayu Lêmbah sirage | nambut pawohanipun | sang dyah ajrihira nglangkungi | dhumatêng ingkang rama | wus têdhak sang ayu | sarya anômpa pawohan | praptèng ngarsa wus ingaturakên aglis | marang ngarsaning rama ||

62. Sang Dipati Pugêr ngandikaris | aturêna marang gustinira | kang kinèn atur sêmbahe | kalangkung merangipun | nging ajrih ing rama nglangkungi | ingaturakên sigra | marang sang abagus | sang tami cêngêng tumingal | mring sang rêtna kamanisên aningali | tansah mikir ing nala ||

63. Sang Dyah Ayu Lêmbah atur bêkti | marang rama langkung merangira | mring raka wus mundur age | sang dipati umatur | mring kang paman saha wotsari | adhi ajêng punika | pintên yuswanipun | Pangeran Pugêr ngandika | lan paduka watawis kaot sawarsi | duk wontên ing Mataram ||

64. andika anggèr lagya sinapih | dening ibu arinta ni rara | maksih sinêsêpan anggèr | pangeran dipatya wus | atur pamit sahatur bêkti | sigra mantuk mring pura | tumamèng kadhatun | wus cundhuk lan sri narendra | dyan umatur miwiti malah mêkasi | mèsêm sri naradipa ||

65. jêng sinuhun angandika aris | kaki mantri lah uwis muliha | marang dalêm kadipatèn | anging wêwêkas ingsun | lamun sira tulus apanggih | kalawan arinira | ni Lêmbah nakipun |

--- 15 : 43 ---

dèn bisa sira mong garwa | wruhanira ing benjing yèn ingsun lalis | sira gantyani nata ||

66. pamanira ing Pugêr Dipati | iku ingkang angêmong ing sira | myang ari ing Madurane | sami among sirèku | lan dipati ing Surawèsthi | katri ingkang punggawa | ing wêwêkas ingsun | aywa sira wèhi rêngat | saature ing benjing turutên kaki | hèh radèn wruhanira ||

67. nora tulus sira madêg aji | anèng nagara ing Kartasura | yèn ora enak atine | têtiga punggawèku | datan tulus kaki dadyaji | yêkti rusak kang praja | pangeran wotsantun | wus kondur mring dalêmira | sampun dalu ya ta kawarnaa enjing | nata ngrasuk busana ||

68. dintên Soma sang nata tinangkil | sampun mungging dhêdhampar kancana | siniwèng wadyabalane | wong priyantaka ngayun | têpung lawan wadya saragni | kakôndha munggwing ngarsa | lir raditya murub | magêrsari apan kapang | amarapit ing kanan miwah ing keri | ning nata myang ing ngarsa ||

69. wadya kaparak samya marapit | jagabaya sisih sangkragnyana | kapilih samya sisihe | yudamanggala ngayun | lan wong miji sisihanèki | nirbaya sisihira | samya nirbayèku | kartiyasa sisihira | wisamarta wong brajanala asisih | lawan wong wirabraja ||

70. patrayuda kanoman asisih | martalulut lan singanagara | mantri anom lawan gandhèk | maundara wong kidul | astranôngga

--- 15 : 44 ---

sisihirèki | myang wadya patranala | darpaitèng ngayun | jantaka lan tanuastra | sisihira wirapracôndha tan têbih | sikêp tuluptulus. prayatna ||

71. kabayan niyaga anèng wuri | suranata carik jajarira | sarati gamêl jajare | kriya keri gènipun | judhipati wontên ing ngarsi | jagasura sisihnya | ing ngarsa gènipun | wong margasa ngarsa têbah | tuwaburu gowong prasamya anangkil | miwah wong pamajêgan ||

72. sang dipati ing Pugêr wus nangkil | lênggah jajar lan Arya Mataram | miwah Pangran Panulare | pangeran dipatyèku | jajar lawan para dipati | Radèn Arya Sindurja | lan Wiradigdèku | miwah Tumênggung Urawan | Mangkuyuda kalawan Natayudèki | miwah Ki Wiraguna ||

73. Kandhuruan pan sampun anangkil | muwah Kiyai Mangunnagara | myang Kyai Sumabratane | myang rôngga lawan dêmung | pêcat ôndhapêcatôndha. lan ôndhamoi | ngabèi lawan Arya | Jasupantèng ngayun | pêpak kang para niyaka | yèn dinulu lir sêkar sataman asri | busananing punggawa ||

74. sri narendra angawe ing ari | Dipati Pugêr sigratur sêmbah | wus majêng ngarsa sirage | sarya ngusapi lêbu | anungkêmi padèng narpati | kalangkung ajrihira | ing raka sang prabu | ri sampunira alênggah | munggwing ngarsa sang nata ngandika aris | yayi atmajanira ||

75. nini Lêmbah lah sun pundhut yayi | apanggiha lan atmajanira | kaki adipati anom | kang rayi awotsantun |

--- 15 : 45 ---

tan lênggana karsèng narpati | sanadyan pêjah gêsang | katurèng sang prabu | sri narendra angandika | si pangulu patih timbalana aglis | kang kinèn awotsêkar ||

76. ki pangulu sampun dèn timbali | naradipa eca angandika | kasaru wau dhatênge | duta ing Sampang sampun | atur surat marang ki patih | sampun katur mring nata | tinupiksa gupuh | jêng sinuhun angandika | angsulana Sindurja layange adhi | adipati ing Sampang ||

77. besuk yèn wus gênêp pitung sasi | ingsun timbali mulih mring praja | Sindurja atur sêmbahe | dyan ingangsulan sampun | sri narendra kondur mring puri | ingiring pra wanodya | swarane gumuruh | sapraptanira ing pura | jêng pangeran ing Pugêr glis dèn timbali | myang sagunging niyaka ||

78. ki pangulu lan kêtib wus prapti | ingkang putra sampun tinimbalan | praptèng ngarsatur sêmbahe | angandika sang prabu | hèh pangulu atmaja mami | ing mêngko ningkahêna | lawan putranipun | yayi mas ing Kapugêran | ki pangulu atur sêmbah ing narpati | nulya amaos donga ||

79. tan kawarna solahirèng nguni | putra nata pan sampuning ningkah | kêtib andum salawate | sigra tadhahan mêtu | pan gumêrah saking jro puri | wong dalêm awurahan | swaranya gumuruh | sri naranata ngandika | ari êmas ing Pugêr mantuka aglis | Ni Rara Pahyasana ||

80. ingkang rayi mentar awotsari | sampun praptèng dalêm Kapugêran |

--- 15 : 46 ---

angandika ing garwane | yayi mas dèn agupuh | Pahyasana putranirèki | mêngko sore nakira | pinundhut malêbu | kang garwa sahatur sêmbah | Radèn Ayu Lêmbah agya dèn paèsi | dhumatêng ibunira ||

81. para bibi ngadhêp sang lir Ratih | samya angimur-imur ing putra | sang dyah sangêt onêng tyase | marma rêncakèng kalbu | dene myarsa yèn radèn mantri | ambêg rusuh tur arda | mila rangu-rangu | kapêksa ajrih ing rama | para bibi sadaya angarih-arih | sang dyah lêjar ing nala ||

82. sinalinan sinjang sang lir Ratih | mring kang ibu myang ginônda wida | dyan tinata sri natane | wus inganggenan kampuh | mring sang ibu sah ingaèsi | katuhon warnanira | sira sang dewayu | yèn tinon kadya basônta | karainan piningit ing ima nipis | riyêm-riyêm sung brôngta ||

83. tinon kadi laywan ing wratsari | citranira adining kusuma | wênês ijo pamulune | sri natasri dinulu | kèswanira lir jalanidhi | sinangsayèng puspita | amêwahi rungrum | idêp tumêngge anawang | soca balut labête atajin guling | alis angroning imba ||

84. wajanira lir mutyarèng nganggit | jaja kaêtang wêlar awijang | lir nyu dênta pambayune | yèn lumampah sang ayu | ngandul-andul akarya brangti | têngah kadya pêpêsa | sung marma kadulu | sanajan jroning supêna | dèrèng mulat kang kadya sang ruming sari | ratu-ratuning kênya ||

85. datatita sang apindha [a...]

--- 15 : 47 ---

[...pindha] Ratih | kawarnaa Dyan Ayu Sindurja | dinutèng nata praptane | ing Kapugêran rawuh | myang rabining para bupati | pan umiring sadaya | wus tumamèng ngayun- | nira Pangeran Dipatya | Kapugêran angandika marang rabi | lah yayi putranira ||

86. budhalêna lah payo dèn aglis | dutèng nata ing mangkya wus prapta | kang rayi atur sêmbahe | nulya umangkat sampun | ingkang putra tansah kinanthi | mung Dyan Ayu Sindurja | nyandhak astanipun | binaktèng minggah jêmpana | para bibi sadaya samya umiring | sumrêg wong Kapugêran ||

87. tan kawarna solahirèng margi | sampun prapta anèng sitibêntar | jajaran wus madêg kabèh | jêmpana lajêng sampun | dyan lumêbêt ing kênyapuri | warnanên para graha- | nira sang aprabu | wus mêthuk wijil ping tiga | para sêlir katangguh manggung myang sêlir | gumêdêr awurahan ||

88. sampun prapta anèng srimanganti | radèn ayu ingaturan têdhak | saking jêmpana sirage | sagunging swaminipun | pra punggawa anggrêbêg sami | pramèswari gya nyandhak | mring astaning mantu | kang têngên Ratu Kancana | asta keri Ratu Kilèn ingkang nganthi | wus binakta mring pura ||

89. wus pinanggihakên radèn mantri | lawan kang garwa ngarsaning nata | kalih nungkêmi padane | rinangkul de sang prabu | anak ingsun kaki dipati | dèn bisa among ing dyah | nyawa putraningsun | apan iku kadangira | nimas rara sira kang ngêmonga kaki | kang putra atur sêmbah ||

90. sri narendra angandika [anga...]

--- 15 : 48 ---

[...ndika] aris | yayi pramèswari putranira | bêktanên mring gandhok kilèn | garwa kalih wotsantun | ingkang putra binakta aglis | wus pinanggihkên sang dyah | lawan sang abagus | katuwon ing warnanira | yèn dinulu lir Kamajaya lan Ratih | kang ibu suka ing tyas ||

91. pramèswari ngapit kanan keri | tuwin sagung rabining punggawa | atap andhèr ing ngarsane | sang dyah ayu tumungkul | waspa mijil lantaran pipi | kathah karasèng driya | sira sang dewayu | kang wayah wus sirêp janma | rajaputra ngaturan mring tilamsari | lawan kusuma rara ||

92. jêng pangeran tan daranèng kapti | adan sinambut kusuma rara | sang dyah asru ngipatake | rajaputra angrangkul | sarya ngungrum angarih-arih | sor madu pinasthika | wijiling pamuwus | dhuh gustiningsun kusuma | wus pantêse wong ayu langkung pêpuji | nanging akarya brôngta ||

93. tan kawarna polahirèng ratri | jêng pangeran sadalu tan nendra | tansah ngimur ing garwane | sang dyah amiwal kayun | rajaputra baut ing rêsmi | tansah amriyêmbada | ingaras sang ayu | tan cinatur solahira | sampun walèh ing sêmu sampun andugi | wus mijil hyang aruna ||

94. sampun wêdhar kang apulang rêsmi | rajaputra lênggah akalihan | ibu sori prapta age | ingkang putra sinambut | kusumayu glis dèn pahyasi | wus binakta ing ngarsa- | nira jêng sang prabu | putra kalih atur sêmbah | anungkêmi ing padanira narpati | trusthèng tyas sri narendra ||

95. sang sinuhun [sinu...]

--- 15 : 49 ---

[...hun] angandika aris | marang Radèn Ayu Sindurêja | hèh ari payo dèn age | putranta karo iku | sira iringêna dèn aglis | sigra putratur sêmbah | tuwin sang dewayu | sumungkêm ing pada nata | dyan lumèngsèr bu sori ngatêr ing wijil | wus lêpas lampahira ||

96. tan dangu ing Kapugêran prapti | jêng pangeran mêthuk wijil pisan | tuwin para atmajane | ingkang garwa tan kantun | samya milwa mêthuk ing wijil | rajaputra gya prapta | kang wadya gumuruh | têdhak saking ing turôngga | tuwin sang dyah tumurun saking ing joli | cinandhak ibunira ||

97. rajaputra aglis anungkêmi | maring paman nulya ingaturan | lumêbêt maring dalême | myang rabining tumênggung | samya ngiring ing radèn mantri | ingkang para punggawa | bupati tan kantun | saos wontên ing pasowan | kang malihi Pangeran Arya Matawis | myang Pangeran Panular ||

98. sinangkalan duk kala apanggih | wong kêkalih ngobahakên jagat |Sengkalan: wong kêkalih ngobahakên jagat (1621 A.J., 1697/1698 A.D.). ya ta warnanên solahe | lajêng samya anayub | sakathahing para bupati | wontên ing Kapugêran | swaranya gumuruh | atandhak araran-raran | kang gamêlan swaranya asri ngrêrangin | surakipun sauran ||

99. nahan ratri kawarnaa enjing | rajaputra lawan ingkang garwa | mantuk dhatêng kadipatèn | sakèhing punggawagung | samya ngiring ing radèn mantri | wus praptèng dalêmira | kasukan sadalu | enjing kang para dipatya | bubar mantuk [mantu...]

--- 15 : 50 ---

[...k] ya ta wau radèn mantri | tansah karon asmara ||

100. ingkang rayi sampun dèn timbali | wau sira Rahadèn Sudira | pinundhut mring kadipatèn | ari tan wontên tumut | mung Radyan Sudira pribadi | sira sang pinangeran | kalangkung sihipun | enjing mangkya kawarnaa | rajaputra sinewa ing madèrukmi | kalihan ingkang garwa ||

101. tan kêna sah lan garwa dyan mantri | animbali ing Radèn Sudira | tan dangu praptèng ngarsane | pangran ngandika arum | dèn kapara ing ngarsa adhi | sira wus duwe aran | kang rayi umatur | inggih pun Suryakusuma | sapa manèh si adhi kang wis sêsilih | Radèn Sudira nêmbah ||

102. pun adhi mas Papak asêsilih | winastanan Radèn Ôntawirya | pun adhi Mêsir namane | pun Martatarunèku | pun adhi mas Kawa sinilih | Radèn Dipataruna | nênggih wastanipun | pangeran malih ngandika | arinira Si Surya sapa ing mangkin | Radèn Sudira nêmbah ||

103. pun adhi mas Surya pan sêsilih | akêkasih Radèn Suryaputra | taksih anyangking timure | pangran ewa angêmpus | nora jamak anggêgilani | jêjuluk Suryaputra | de kaya gurnadur | warahên sun awèh aran | sun arani Si Wôngsatruna abêcik | ywa aran Suryaputra ||

104. salamine pan ewa ing galih | aningali Radèn Suryaputra | Pangeran Dipati Anèm | tuwin sakadangipun | apan inggih amung satunggil | putra ing Kapugêran | Radèn Sudirèku | punika kang

--- 15 : 51 ---

kinasihan | datan sinung abasa-binasan nênggih | kokon-kokon kewala ||

105. Radèn Suryakusuma wotsari | mêsat saking karsane kang raka | sang rêtna nglèrêk netrane | alon dènira matur | dhuh kakang mas nênêdha ugi | bok sampun sapunika | marang kadang ingsun | sêmune asiya-siya | sintên yogyanipun ingkang dèn êmpèki | liyane kang kawawa ||

106. ngêndi ana jênêng dèn larangi | lagya tumon kang mas kadya dika | kang jamak duwe pra ipe | jinunjung lungguhipun | mundur têka anyênyalini | wong jênêng Suryaputra | andadak dèn lungsur | dèn salini Wôngsatruna | eman-eman sadulurku wong ambênthing | ajênêng Wôngsatruna ||

107. ingkang raka mèsêm ngandikaris | nora yayi pan uwis prayoga | jênêng Wôngsatruna bae | tôndha yèn kadang ingsun | radèn ayu nauri bêngis | dhuh lae padujiwa | dikanthongi iku | nadyan kalbune pênêda | jêr laire ala patute wong dèsi | jênênge Wôngsatruna ||

108. radèn ayu sakit jroning galih | nanging sinamur ing lair suka | ing jro anjarêm galihe | ya ta wau winuwus | Radèn Suryakusuma prapti | ing dalêm Kapugêran | wus panggih rinipun | rahadèn aris dêlingnya | adhi êmas jênêng para dèn salini | dening pangran dipatya ||

109. Suryaputra iku kang dèn êlih | pinaringan sira Wôngsatruna | jêng pangeran timbalane | paran aturirèku | Radèn [Radè...]

--- 15 : 52 ---

[...n] Suryaputra tan angling | kumêmbêng waspanira | rahadèn wêtu luh | kang raka alon dêlingnya | sira iki mundur kaya bocah cilik | ja susah nalanira ||

110. wong ngawula wus jamake adhi | iya apa sarèhing bêndara | ya adhi linakon bae | dèn aranana iku | Nitikêrti padha nglakoni | pirangbara ing benjang | yèn Allah kang Agung | agawe unggul ing sira | lawan ingsun dene ta têka agampil | ing mêngko linakonan ||

111. kakang êmbok mau liwat runtik | sun watara ing sapungkur ingwang | pasthi yèn dadi padune | ya dening sira iku | payo adhi marêk ing kyai | sun arsa atur wikan | prakara sirèku | yèn linungsur jênêngira | sinalinan Wôngsataruna ing mangkin | sigra sarêng umangkat ||

112. praptèng ngarsaning rama dyan kalih | manganjali alon aturira | ambatur wikan jatine | pun adhi wastanipun | Suryaputra dipun salini | dhatêng kangjêng pangeran | dipatya ing wau | putranta kaparing aran | Wôngsatruna kang rama ngandika aris | ya nyawa kinapakna ||

113. wus jamake wong ngawulèng gusti | pan tinurut sarèhing bêndara | pira-pira sinaruwe | aywa masgul ing kalbu | dumèh sira ingaran cilik | pinalang karsanira | pan Hyang Mahaluhur | iku kang agawe titah | ala bêcik apan karsaning Hyang Widi | aja sak atinira ||

114. apan iku kang kawasèng Jawi | angrasaa yèn sira ngawula | tan kêna andum amilèh |

--- 15 : 53 ---

duraka sutaningsun | lamun sira duwe saksêrik | miwah sira Sudira | dèn bisa nakingsun | babo suwitèng bandara | aja dumèh yèn kadang tur ipe gusti | pan ya dudu sêsama ||

115. aja dumèh babo dèn kasihi | hèh Sudira sira dèn prayitna | poma aja duwe sèdhèng | wong cidra durakagung | ingkang dhihin durakèng Widi | kapindho iku kadang | nyawa kadang sêpuh | kaping têlune bêndara | putra kalih kumêmbêng sumungkêm siti | kang ramalon ngandika ||

116. hèh Sudira sebaa dèn aglis | apan sira iku wong dinuta | têka sira suwe-suwe | putra kalih wotsantun | lèngsèr saking ngarsèng ramèki | ya ta Rahadèn Surya- | kusuma pan laju | wus prapta ing kadipatyan | tumamèng jro kapanggih lan sang apêkik | Radèn Sudira nêmbah ||

117. ulun dinuta pan sampun prapti | andhawuhkên timbalan paduka | dhatêng pun adhi wiyose | sandika aturipun | ya ta mèsêm pangran dipati | sigêgên kang winarna | wau kang anglurug | nèng GênthèngGênthong. wus ingandikan | mantri anom kang lumampah animbali | mundhi surat narendra ||

118. lampahira tan kawarnèng margi | gancanging kang carita wus prapta | ing pabarisan jujuge | Dipati Madurèku | wus tinampan dutèng narpati | unggyan sampun pinarnah | pinanggihan dalu | kang surat wus tinampenan | tinupiksa kadhadha raosing tulis | pangeran wus anduga ||

119. mantrinira [mantri...]

--- 15 : 54 ---

[...nira] kang andêl ing rêpit | akêkasih Rôngga Malangjiwa | ingkang tinuduh ing gawe | apan titir ingutus | marang Pasuruan arêpit | Ki Rôngga Malangjiwa | wus prapta ing ngayun | wus uningèng karyanira | wus winêling mêsat saking ngarsanèki | tanpa rowang lampahnya ||

120. kawarnaa wau sang dipati | saungkure ponang dutanira | amêpak dipati kabèh | dipatyèng Surèngkèwuh | wau ingkang prapta rumiyin | pan sampun sami prapta | sakèh punggawagung | sadaya wus ingundhangan | lamun ingandikan bubarakên baris | lumakwèng Kartasura ||

121. apan kocap ing caritèng nguni | laminira dènnya bêbarisan | wus jangkêp ing sawindune | wau ta kang winuwus | dutèng Sampang pan sampun prapti | nagari Pasuruan | praptane ing dalu | lajêng mêdal bêbutulan | wus apanggih lawan Radèn Surapati | gantya kang winursita ||

122. nênggih kang ambubarakên baris | dipati ing Sampang Surapringga | tuwin wong pasisir kabèh | swaranira gumuruh | kèhing wadya datanpa wilis | kêbut sagung dipatya | saèngga kasusu | wong cilik pan rêreyongan | dêdamêle Surapati sampun prapti | angobong pabarisan ||

123. Rôngga Malangjiwa sampun prapti | wus amomor lan wadyèng Madura | anglarug wadya lampahe | datan kawarnèng ênu | sampun prapta anèng Samanggi | pan rêrêb sanalika | saksana alaju | wus prapta

--- 15 : 55 ---

ing Kartasura | ing Kasindurjan sagunging pra dipati | gyanira tata karya ||

124. gandhèk prapta saking ing jro puri | dipati ing Sampang ingandikan | lawan ing Surabayane | Sindurêja tan kantun | nayaka tri sigra lumaris | wus praptèng dalêm pura | pan lajêng tumanduk | praptèng ngarsaning narendra | manganjali ing nata dipati kalih | sang narpati sru tustha ||trustha.

125. sri narendra angandika aris | lintang onêng ingsun marang sira | ngong mêngko pira lawase | apan uwis sawindu | wus pinaring busana adi | tuwin ki adipatya | ing Surabayèku | samya pinaring busana | wus kasaput ing dalu wotsari mijil | wus praptèng wismanira ||

93. Radèn Ayu Lêmbah dipun kondurakên dhatêng Kapugêran

126. kawarnaa pangeran dipati | apan sampun karsaning Hyang Suksma | yèn jodho mrandangi bae | lawan sang rêtnaningrum | apan anggung kalawan prapti | sakarsane tan rêmbag | lawan radèn ayu | katutuh kangjêng pangeran | pan adarbe sêlir kêkalih yu luwih | langkung ingêla-êla ||

127. malah supe marang sang rêtnadi | amung sêlir kêkalih pundhutan | saking ing Onje angsale | Pakujaya puniku | pan abdine pangran dipati | punika kang sêsuta | pinundhut sang bagus | ing Onje kawijilannya | ya ta Radèn Ayu Lêmbah pan gumingsir | marang ing Kapugêran ||

--- 15 : 56 ---

128. Radèn Suryakusuma pan maksih | wontên kangjêng pangêran dipatya | warnanên wau sang rajèng | nutur caritèng dangu | amangsuli kôndha puniki | duk bêdhah Giripura | sang nata amundhut | putrane Pangeran Arga | èstri luwih pinundhut kinarya rabi | dening sri naranata ||

129. ya ta wau Radèn Ayu Giri | pan ing mangke sampun tigang côndra | tan purun ngandikan sare | dènira sang aprabu | aturira yèn dèn timbali | matura mring sang nata | marma sun tan purun | bosên laki sri narendra | katur marang sang nata têdhak pribadi | wus praptèng dalêmira ||

130. Radèn Ayu Giri manganjali | mring kang raka sang nata ngandika | babo ariningsun anggèr | apa ta sira tuhu | bosên laki marang ing mami | sang rêtna matur nêmbah | pan inggih satuhu | bosên alaki paduka | sang natangling apa sira arsa krami | kang rayi matur nêmbah ||

131. yèn rilaa paduka narpati | inggih ugi ajêng palakrama | sang natalon andikane | yèn mangkono mas ingsun | pilihana para dipati | kabèh wong Kartasura | punggawa gung-agung | umatur Dyan Giripura | botên arsa akrami têtiyang ngriki | wong pasisir kewala ||

132. sri narendra angandika aris | yèn mangkono sira pêpaesa | ing mêngko sun lakèkake | sang rêtna awotsantun | nulya kondur sri narapati | sapraptanirèng pura | animbali gupuh | ing Pangeran Cakraningrat | tan [ta...]

--- 15 : 57 ---

[...n] adangu wus prapta ing dalêm puri | ngarsane sri narendra ||

133. angandika alon sri bupati | hèh adhi mas apa arsa krama | yèn arsa sun rabèkake | Cakraningrat manuhun | yèn wontêna sih sri bupati | paran gèn suminggaha | nulya sang aprabu | animbali Radèn Arga | apan sampun pêpaès Dyan Ayu Giri | wus marak ing ngayunan ||

134. sri narendra angandika aris | ayo adhi sira pilihana | pawèstri wuri ngong kiye | pangran ing Sampang dulu | èstri luwih dèn pêpaèsi | apan anduga ing tyas | ing sêmu Sang Prabu | Cakraningrat matur nêmbah | inggih ingkang awastra limar katangi | sinjang cindhe puspita ||

135. wau nata mèsêm ngandikaris | alah payo dhimas dèn aenggal | pondhongên gawanên mulèh | ya ta pangeran gupuh | anguculi kampuh kumitir | duk wau tinimbalan | tan amawi kuluk | apan asondhèr kewala | wus ingêmban wau Radèn Ayu Giri | marang Dipati Sampang ||

136. upacara apan dèn paringi | dening nata asarwa kancana | bokor lawan lêlancange | gantya ingkang winuwus | ya ta wau radèn apatih | Ki Arya Sindurêja | wicaksanèng sêmu | limpat pasanging graita | lêpas ingkang dêduga angadu budi | wahyaning môngsa kala ||

137. duk Dipati Sampang dèn timbali | gêgêpahan Dyan Radèn Sindurja | animbangi watarane | apandam ing tyasipun |

--- 15 : 58 ---

marmanira môngka pratali | pratamaning sujana | waskithèng ing laku | rahadèn ing kapatihan | wus samakta ing pasowan bêkta joli | prapta ing panangkilan ||

138. wiwarananira bisa tuwi | mrayogakakên liring watara | duga-duga pan dêlinge | sigra radèn tumanduk | kang jampana maksih nèng jawi | ing sripanganti prapta | sarêng wêdalipun | lawan Adipati Sampang | praptèng regol sarwi amondhong pawèstri | mèsêm Radèn Sindurja ||

139. hèh pangeran daulat tan sipi | ya ta sarêng radèn nulak mêdal | prapta ing jawi lampahe | ya ta radèn amuwus | hèh pangeran kondura dhingin | dhatêng ing pasanggrahan | arinta dèn ayu | pan inggih kawula bêkta | kapanggiha wontên Kasindurjan nênggih | pangran datan sawala ||

140. apan sampun tinitihkên joli | radèn ayu binaktèng Sindurjan | Pangeran Sampang lampahe | prapta ing pondhokipun | sakathahing para dipati | pasisir ingaturan | pan sampun akumpul | binakta mring Kasindurjan | sapraptaning Kasindurjan sang dipati | arêmbag nulya nikah ||

141. ri sampuning paragad ing kardi | paningkahe Pangeran Madura | tan winarna patêmone | gantia kang winuwus | sri narendra miyarsa warti | yèn ingkang putra tukar | nênggih Raden Ayu | Lêmbah ngubon Kapugêran | sang narendra dahat putêkirèng galih | sang natarsa putusan ||

142. wontên abdi karakêt ing puri | pan têtiga sami suranata |

--- 15 : 59 ---

Ki Ôngga lawan Ki Êsèh | Sarawadi katêlu | apan samya kandêl ing puri | kalangkung kinasihan | sabine ngalih jung | Ki Ôngga wus ingandikan | praptèng ngarsa Ki Êsèh lan Sarawadi | sang nata angandika ||

143. sira Ôngga lumakua aglis | ingsun utus marang Kapugêran | lumakua lan Si Êsèh | rong prakara lakumu | ingkang dhingin takona warti | prakara sutaningwang | apa kang pinadu | purike ana ing kana | kaping pindho sira matura si adhi | yèn ingsun mundhut pola ||

144. dèn gawèkna polane Kiyai | Mesanular poma antènana | lan polane Ki Palèrèd | ingsun arsa anurun | Ôngga Êsèh wotsari mijil | lampahe sigra-sigra | Kapugêran rawuh | ya ta wau jêng pangeran | apan lagya pinarak jawining masjid | alit pinggir balumbang ||

145. kagyat wau duk Ki Ôngga prapti | lan Ki Êsèh pangeran ngandika | ragane baya kinèngkèn | andhawuhakên wuwus | Ôngga Êsèh saha wotsari | anggèr amba dinuta | ing rakanta prabu | ingutus dangu putranta | paran marma dèn ayu wontêne ngriki | pangeran angandika ||

146. ingsun Ôngga tan miyarsa warti | apan ingsun durung atêtanya | jêng pangeran nahing anggèr | durung nêdhani wêruh | aprakara dening kang rayi | ewuh sun durung panggya | lawan sutèngulun | pira lawase nèng jaba | iya Ôngga apan [apa...]

--- 15 : 60 ---

[...n] durung sun panggihi | mêngko ta karsaningwang ||

147. sira Ôngga têmua pribadi | iya sira pariksaa dhawak | Ki Ôngga nuhun ature | ajrih amba pukulun | anglangkungi karsa raka | anggèr atur sampeyan | katura ing prabu | lan malihipun kawula | dipun utus amundhut pola kêkalih | babarkatan paduka ||

148. apan arsa anelad rakaji | ing polane Kyai Mesanular | kalawan Kyai Palèrèd | pangeran ngandikarum | kyai bae gawanên aglis | aja kudu amola | dadak apa iku | kyai bae aturêna | Ôngga Êsèh anuhun kalangkung ajrih | amba botên rinilan ||

149. kang pangandika rakanta aji | inggih amundhut pola kewala | Pangran Pugêr andikane | têka gawanên iku | aja sira awalangati | hèh Ôngga ngarah apa | gawanên dèn gupuh | jêng pangeran marang wisma | dhuwung waos pan sampun binêkta mijil | dhuwung Ki Mesanular ||

150. Ki Palèrèd sampun dèn tampèni | ingkang bêkta pan wau Ki Ôngga | Kya Mesanular Ki Êsèh | ingkang angampil dhuwung | sigra nêmbah kang duta kalih | lèngsèr sing Kapugêran | tan kawarnèng ênu | ya ta wau sri narendra | saungkure Ki Ôngga pan Sarawadi | dinutèng kadipatyan ||

151. kinèn mrasadu Ki Sarawadi | atêtanya mring Ki Patih Soda | aja ngaku yèn kinèngkèn | ya ta warnanên wau | Kyai Ôngga

--- 15 : 61 ---

Êsèh wus prapti | lajêng tumamèng pura | prapta ngrasèng prabu | sri naranata umiyat | yèn Ki Ôngga lan Êsèh ambêkta Kyai | Palèrèd Mesanular ||

152. langkung duka wau sri bupati | apan rêngu sirating wadana | angatirah pasuryane | ingkang lathi kumêdut | jajanira lir wora-wari | kadi ta anuwêka | wong tanpa dosèku | asru dènira ngandika | liwat langar sira iki sun arani | dene wani anggawa ||

153. ingsun ora amundhut kiyai | Mesanular Ki Palèrèd ora | mung mundhut polane bae | gawanên bali gupuh | Ôngga Êsèh gumêtêr ajrih | ature pêgat-pêgat | pêjah gêsang katur | apan dede saking amba | inggih saking satyanipun ari aji | marma kinèn ambêkta ||

154. sri narendra awlas aningali | Ôngga Êsèh kinèn wangsul enggal | mundhuta polane bae | Ôngga Sèh sampun wangsul | tan anyana yèn darbe urip | sapraptanirèng jaba | jinajaran wau | dening priyayi kaparak | tan winarna ing marga pan sampun prapti | ing dalêm Kapugêran ||

155. Ki Ôngga Sèh matur ngasih-asih | dhuh pangeran kawula dinukan | dhatêng rakanta sang rajèng | de amba kamipurun | bêkta dhatêng pusaka kalih | ingkang karsa rakanta | pola kang pinundhut | mèh kadya tinêlasana | Jêng Pangeran Pugêr mèsêm jroning galih | sigra akarya pola ||

156. tan adangu kang pola wus dadi | gya pinaringakên [pina...]

--- 15 : 62 ---

[...ringakên] mring Ki Ôngga | lèngsèr kang duta kalihe | datan kawarnèng ênu | Ôngga Êsèh praptèng jro puri | katur ing sri narendra | pola gya pinundhut | Ki Ôngga matur wotsêkar | aprakawis putranta rêtnadi murti | wontên ing Kapugêran ||

157. rayi tuwan tan uningèng warti | sampun lami putranta nèng jaba | lan arinta panggih dèrèng | putranta sang binagus | inggih dèrèng asuka warti | dhumatêng rayi tuwan | sang nata myarsatur | putêk sadalêming driya | Sarawadi samana pan lagya prapti | majêng arsatur sêmbah ||

158. amba nuwun putra dalêm gusti | mila salaya lawan kang raka | winastan manah kagêdhèn | tan kenging ujar gangsul | radèn ayu galihe mingis | putra tuwan jêng pangran | wontên lêngusipun | sang nata langkung sungkawa | dening putra tan atut dènnya akrami | lan putri Kapugêran ||

159. sri narendra samana ngundhangi | apan akarya sagarayasa | kilèning kitha prênahe | dene ingkang anambut | wong pasisir môncanagari | miwah wong Kartasura | prasamya anambut | apan rare limang kilan | ingkang kenging kêrigan anambut kardi | lamine tan winarna ||

160. sagarayasa pan sampun dadi | lêbêt wiyar tur ngingonan baya | tan antara ing lamine | akarya urung-urung | giring sangsam saking Matawis | pinggir sagarayasa | kinarapyak sampun | kinarya amêng-amêngan | sri narendra nyukakkên manah ing alit | anggung-angggung cangkrama ||

--- 15 : 63 ---

161. sri narendra nulya karya masjid | kang pinola nênggih masjid Dêmak | masjid lami duk kobare | lan alit masjidipun | milanipun akarya malih | sigêgên kang winarna | gênti kang winuwus | Radèn Arya Sindurêja | wus pêputra jalu warnane apêkik | ingaran Radèn Sukra ||

94. Radèn Sukra dipun pisakit dhatêng Pangeran Adipati Anom

162. wus diwasa baguse linuwih | dadya pêpujining rara kênya | sêkaring praja angêne | baranyak kaduk purun | wicaksana tur pramèng kawi | titir agawe brôngta- | ning para dyah arum | sanajan samia priya | rêsêp mulat bagus tur pratamèng kawi | wasis ulah grahita ||

163. Radèn Sukra samana winarni | apan lagya sinuruhan ngarak | pan ginawe kêkêmbange | angarak ngalun-alun | nulya kangjêng pangran dipati | ningali wong angarak | nanging ta anamur | kagyat ningali Dyan Sukra | nitih kuda têtêgar têngahing baris | mubyar busananira ||

164. awas andulu pangran dipati | langkung panas ningali Dyan Sukra | asru tanya ing abdine | sapa têtêgar iku | anêlasah têngahing baris | Patih Sodatur sêmbah | pun Sukra pukulun | anakipun Dyan Sindurja | ngandikasru pangeran panas ing galih | lah enggal timbalana ||

165. pangran dipati kondur

--- 15 : 64 ---

tumuli | dènya pinarak pinggiring bata | batagung ing kadipatèn | abdinira akumpul | Ki Sutipon lan Gagarungsit | Sutama Kontholbêlang | miwah Sutakithung | Wirakabluk Jagadngampar | Bajobarat Kartipancal Sêcaluthik | munggèng ing ngarsanira ||

166. Radèn Sukra samana wus prapti | nèng ngarsane jêng pangran dipatya | tumungkul wau linggihe | pangran dipatya dulu | langkung panas raosing galih | tan ana dosanira | amung bagusipun | pangeran galihe ewa | ingkang abdi apan sampun dèn kêjènpikêjèpi. | anubruk Radèn Sukra ||

167. dhuwungipun sinêndhal wus kêni | Radèn Sukra pan sampun binônda | tanpa dosa sêsambate | pangeran ngandikasru | wis mênênga aja baribin | dènira kawênang-wênang |Lebih satu suku kata: dènnya kawênang-wênang. Sukra ing angkuhmu | têtêgar têngah wong kathah | iya maning ora ana wong jêngkining | kapungkur dening sira ||

121. Pangkur

1. Radèn Sukra pinilara | tinabokan pan sarwi dèn sumêdi | maripat jinêjêl sêmut | sêmut irêng kinarya | kalosodan tobat-tobat sambatipun | adhuh anggèr datan dosa | sampun nganiaya gusti ||

2. sinêmut malih netranya | Radèn Sukra nangis ngrungkêbi siti | sasampunira anjagur | pangeran nulya jêngkar | Radèn Sukra anggêladrah anèng lurung | kalosodan kawlasarsa | panakawane marani ||

3. wus ginendhong Radèn Sukra | netra kalih mêrêm awaspa gêtih | sapraptane [saprapta...]

--- 15 : 65 ---

[...ne] pasar agung | wong ngira Radèn Sukra | ting balêbêr prasamya amapag tandhu | wus tinandhu Radèn Sukra | awlas kang samya ningali ||

4. sapraptaning Kasindurjan | Radèn Arya Sindurja aningali | wus tinutur mulanipun | radèn patih sakala | mulat maring putra lali gustinipun | sirating netra ngatirah | jaja bang lir wora-wari ||

5. dene têka tanpa dosa | jêng pangeran sikara maring abdi | rinapu ing garwanipun | pan sarwi ginendholan | lilih Radèn Sindurja dadya amupus | kalangkung awlas ing putra | adhuh anak ingsun gusti ||

6. samana wus ingusadan | sapta ratri waluya kadi nguni | umatur ing ramanipun | kawula amit pêjah | sun amuke wong kadipatèn ing dalu | sun anglangi ganjur watang | arêramon pêdhang tamsir ||

7. pan kacatur Radèn Sukra | ngingu Bugis pitung dasa kèhnèki | pan kajawi ramanipun | wonge Bugis akathah | Radèn Arya Sindurja ngandikèng sunu | adhuh nyawa putraningwang | trapna mujadahmu gusti ||

8. angrasaa yèn kawula | sakarsane linakon yèn kuwawi | sok aja tumêkèng lampus | nadyan silih pêjaha | lamun uga kabênêran dosanipun | wis bubuhaning kawula | tan kêna amilih pati ||

9. radèn supe ing batinnya | ing laire maring kang rama ajrih | angunandika ing kalbu | paran margane baya | lan pangeran dipati têpung aluwung | gêntia tumbak-tinumbak | kapan baya gênti kêris ||

--- 15 : 66 ---

95. Radèn Sukra gadhah pangarah dhatêng Radèn Ayu Lêmbah, dèrèng kadumugèn nêmahi tiwas kalih-kalihipun

10. Radèn Sukra emut ing tyas | lamun garwanira pangran dipati | gumingsir mring dalêmipun | wontên ing Kapugêran | sun jajale sun sanake garwanipun | mangkana andikanira | iya sun gawene margi ||

11. ya ta wau Radèn Sukra | animbali pamomongira kalih | Singananda wastanipun | kang siji Patrawisa | praptèng ngarsa ban kalih binaktèng pungkur | marang dalêm gandhok wetan | êmban kalih dèn bisiki ||

12. hèh bapa sira wus wikan | ing wartane radèn ayu dipati | marmane gumingsir iku | ana ing Kapugêran | Sirananda Patrawisa lon umatur | inggih kawula miyarsa | ing warta têtiyang jawi ||

13. kawon dening wong pundhutan | saking Onje pinangkaning pawèstri | inginggahkên garwa sampun | marma sang ayu linggar | dene mangke panggenane radèn ayu | maksih ingewan ing rama | dening munggèng langonsari ||

14. wingi kawula sêsanjan | pasanakan kawula kang awarti | pun Jamarta wastanipun | tiyang ing Kapugêran | malah sabên sontên nênggih radèn ayu | pinarak anèng panggungan | katingal saking ing margi ||

15. kados anglêlipur brôngta | sangêt onêng watawis dhatêng laki | agrah kawit sang rêtnayu | ing rama tan sinapa |

--- 15 : 67 ---

marmanipun Pangran Pugêr dukèng sunu | pinrih anuntên kondura | mring kadospatèn tumuli ||

16. hèh bapa kêkambilana | kudaningsun korea Si Nirwati | kuda seta ulêsipun | anulya kinambilan | rinaraban Nirwati baludru wungu | palisir cindhe puspita | suku pat pinancal sami ||

17. mila wêrdi kang kinarya | buntut kuncung satugêl dèn nilani | gêgarudhan êbègipun | Radèn Sukra busana | golang-galing ijo apan nyampingipun | paningsêt jingga renda mas | akuluk cêmêng pênitis ||

18. sadasa lêr kaitira | arja dhuwung sarungan pêltuk wilis | ukiran cula sinêmu | amêndhak parijatha | yèn sinawang warnane tuhu binagus | solahe luwês sêmbada | kadi putra Dwarawati ||

19. Radèn Sukra sigra mêdal | panakawan rongpuluh kang angiring | êmban kêkalih tan kantun | sapraptanirèng jaba | nulya nitih rahadèn turôngga sampun | siriging kuda angêpyah | samarga-marga sêsirig ||

20. kang sinêdyèng Kapugêran | pungkurane sinêdya pinaripit | banon patamananipun | kang ngalèr pinggir margi | têtêrusan pinggir lèpèn prênahipun | gantya ingkang kawarnaa | kang anèng ing tamansari ||

21. kang lagya ngewan ing raka | Radèn Ayu Lêmbah nèng langonsari | mêntas siram sang rêtnayu | pan sampun kalih côndra | dènnya anèng Kapugêran sang dyah ayu | atajin dhahar lan nendra | kang cahya saya dumêling ||

22. kadya wêwangun lêpihan |

--- 15 : 68 ---

risaking kang sarira wimbuh manis | anglonging jôngga ngêguwung | kadya layoning noja | netra balut dhahar sarene sinatru | soca lir intên pinêcah | waja lir mirah inganggit ||

23. sèngga pradapa sinêmpal | anglir kontal kanginan sang rêtnadi | madyanira kadya putung | lir murca kêdhèpêna | kang wadana sawang gêbyaring sitangsu | ping patbêlas karainadkarainan. | piningit ing ima nipis ||

24. riyêm-riyêm asung brôngta | yèn lingiring winor kêjêring alis | angilat thathit abarung | pantês dadya la-êla | yèn lumampah gandrung-gandrung asung wuyung | akèh modin buwang sêrban | andulu yèn mingis lathi ||

25. mangkana wau sang rêtna | apan lagya sinurèng marang dasih | rema rawuh ing jêjêngku | lir mega ôndrawela | dènnya lênggah sang rêtna munggwing ing panggung | asinjang cindhe kananga | asamir jingga tinêpi ||

26. kagyat sang rêtna umiyat | wontên janma nitih kuda sêsirig | lir badhaya kudanipun | maripit pagêr bata | kang angiring têbih lawan sang binagus | sang rêtna alon ngandika | hèh ragane sapa iki ||

27. bola-bali dènnya têgar | ngetan ngulon angungak tamansari | wong ing êndi baya iku | sang rêtna sigra têdhak | saking panggung êmban kêkalih umatur | kalamun raka paduka | sampun age têdhak gusti ||

28. sang rêtna alon ngandika | dudu kangmas dene kang ngiring kêdhik | lan môngsa panglinga ingsun | iya maring kakang mas | nadyan silih nganggea cara kumêndur |

--- 15 : 69 ---

pan ingsun môngsa panglinga | wong iki nganyar-anyari ||

29. sang rêtna wus praptèng ngandhap | mundhut ôndha banon wus dèn andhani | minggah ing ôndha sang ayu | jaja manglung ing bata | duk samana pukul lima wayahipun | kang candhikala sumirat | kang surya wus sirat kuning ||

30. manglung ing bata sang rêtna | ngalèr ngilèn kang surya narawungi | wadana katlorong mancur | Radèn Sukra wus nyêpak | apan sarêng dènira dulu-dinulu | anglir panjang putra tiba | ing sela kumêpyur sami ||

31. kalihe tanpa jamuga | Radèn Sukra sinamur asêsirig | tumingal ing sang dyah ayu | ngadêg suraning driya | tan aetang pati amilanga tatu | lêbura kadya pratala | sun labuhe lara brangti ||

122. Asmaradana

1. êmbanira sang lir Ratih | sajuga tumut nèng bata | ingkang kinèn atêtakèn | hèh bagus manira tanya | ingutus mring sang rêtna | sintên wêwanginirèku | sumaur Rahadèn Sukra ||

2. kawula sutaning patih | Sukra kalareyaningwang | Natadirja araningong | nanging durung pati karan | maksih karan pun Sukra | sang rêtna ngandika asru | hèh kalingane Si Sukra ||

3. warnanira tuhu pêkik | nanging dêksura ing tingkah | nora angeman baguse | yèn sira kawênangana | mring kangmas adipatya | pasthi yèn gulumu jabud | wong dêladag nora prênah ||

4. Radèn Sukra anauri | baguse môngsa karia | lan pangran dipati anom | wania

--- 15 : 70 ---

takêr ludira | nadyan dèn karubuta | sun nêdya akuthah marus | atandhinga ing ayuda ||

5. apan sêdya sun langèni | busur lêmbing lan gudebag | ganjure wong kadipatèn | pan sarwi nyamêthi kuda | turôngga nandêr nongklang | kang tinilar kari mangu | gêgêtun ing polahira ||

6. mudhun saking banon aglis | sang rêtna alon ngandika | Si Sukra edan anglamong | baya kêna sèpi anyar | owah panduganingwang | apa ika wong akaul | êmbane kalih tur sêmbah ||

7. gusti kawula watawis | Radèn Sukra kados kalap | andulu warnayu kaot | dhuh lae sintên-sintêna | mulat marang andika | pasthi pêrkangkang-pêrkungkung | yèn tan pêjah dados edan ||

8. mung gusti pangran dipati | anggèr raka jêngandika | tuhu wong anèh nyêrwètèh | andulu wong kadi kilang | têka ewa kêwala | yèn ta sampuna wong agung | kalêbu wong gêgêmblungan ||

9. Radèn Sukra kang winarni | apan dèrèng kongsi têbah | cêngkelak wus balik manèh | turangganira anyongklang | prapta maripit bata | tiningalan tan kadulu | kang manglung munggèng lalean ||

10. rahadyan wus kondur aglis | sariranira marlupa | amandhêg mangu lampahe | amung kang manglung ing bata | gumantung ing wardaya | cumanthèl anèng ing musuh | wus prapta ing dalêmira ||

11. têdhak saking ing turanggi | nulya nibèng pasarean | tanbuh raose manahe | kasabêt [kasabê...]

--- 15 : 71 ---

[...t] ngasmarasila | datan lyan kang kacipta | amung kusumaning ayu | kang asung lara wigêna ||

12. ing wanci wus sirêp janmi | sigra têdhak Radèn Sukra | dhatêng patamanan age | karsa anglêlipur brôngta | nuju tanggal ping sanga | miyêt riyêm ing sitangsu | mênggah ngêsah Radèn Sukra ||

13. êmbane kalih ngulari | Patrawisa Singananda | gustine kapanggih kêbon | sêsèndhèn jambu drêsana | êmban kalih glis prapta | matur dhatêng gustinipun | anggèr sampun agêng brôngta ||

14. emuta paduka abdi | nagari ing Kartasura | jêng pangeran kang adarbe | sanadyan pinêjahana | sampun lêngganèng karsa | apan sampun yogyanipun | gusti kang ganjar aniksa ||

15. Rahadèn Sukra ambêkis | hèh bapa têka mênênga | apan sun labuhi dhewe | nadyan ginawea lesan | mangsaa nyênyambata | lêhêng tumêka ing lampus | yèn tan panggih lan sang rêtna ||

16. bapa sun arsa mêmaling | andhustha mring Kapugêran | sun anjujug ing lêlangon | ênggone sang kadi rêtna | arsatur pêjah gêsang | mring sang kusumaning ayu | kang dukani wong têtêgar ||

17. êmban kalih anungkêmi | anggèr sampun sapunika | dene ngeman sarirane | Rahadèn Sukra amêksa | sampun anyandhak katga | aglis mentar sang abagus | êmbane kalih tut wuntat ||

18. lampahira aglis prapti | sira wau Radèn Sukra | êmban kalih nèng wurine | sampun ngampit pagêr bata |

--- 15 : 72 ---

ya ta Rahadèn Sukra | wus amatêk èlmunipun | banon ingusap wus rata ||

19. rahadyan lumêbêt aglis | Patrawisa Singananda | tansah ngampingi gustine | saha matur Patrawisa | anggèr paran ing karsa | langkung dening samaripun | kang manah maras kewala ||

20. dèrèng sêmadosan gusti | paduka kesah mêmara | mila kalangkung marmane | lamun tumêkèng antaka | yêkti patine nistha | bok inggiha sang abagus | ngirib lampahing satriya ||

21. sampun ambêbêkta gusti | dhatêng rama jêngandika | Rahadèn Sindurja anggèr | kalokèng rat pramudita | amupugi ngaguna | dadya pêpatihing ratu | sudira yèn ulah yuda ||

22. ing sêmu sampun winasis | limpat pasanging graita | tuhu tan wontên cacade | mangkya lampahe kang putra | anglir wong ngambil mina | tirta lêbête kalangkung | datan ambêkta wisaya ||

23. tuwas buthêk ingkang kali | ulame môngsa kênia | lir satpadasadpada. upamane | angrabasèng ing puspita | sêkare tiwas rusak | datan kenging sarinipun | yèn jamake kang satriya ||

24. yèn karsa anyidrèng rêsmi | yêkti akarya jaruman | sinung yatra myang pangangge | punika kang dados marga | katon satriya wignya | wasis anyidra ing lulut | dadya sae piniarsa ||

25. Radèn Sukra ngandikaris | hèh bapa têka mênênga | datan sêdya mangke ingong | lamun akarona [aka...]

--- 15 : 73 ---

[...rona] jiwa | lawan kang angsung brôngta | nanging lêgane tyas ingsun | wikana sakêdhèp netra ||

26. lawan kusumaning adi | kang dukani wong têtêgar | ancur gêdhah awak ingong | bapa yèn sun rasa-rasa | pawartagêng ungaran | karungrungan awak ingsun | yèn tan miyat ing sang rêtna ||

27. sirap siti sun wastani | biyadaning KapugêrarKapugêran. | gumêndhèng kagungan bae | ingsun prapta datan mêdal | panu biru ing jaja | yèn asiha kusumayu | sun tohi takêr ludira ||

28. angaub ngisor kumuning | cinarita Radèn Sukra | kajêng kajênar sirage | rinungrum ingaras-aras | pinindha lir sang rêtna | tinon solahe sang bagus | kadya wong kunjana papa ||

29. êmbane kalih nungkêmi | Patrawisa Singananda | langkung wêlas ing gustine | ature amêlasarsa | dhatêng Rahadèn Sukra | anging sira sang abagus | supe ing purwa duksina ||

30. kang wayah wus lingsir wêngi | Radyan Sukra sinambêran | têtêkak têtuhu bênce | ngingis samya aliwêran | tyasira Radèn Sukra | datan amiris sarambut | lir wong nayub kinêplokan ||

31. ya ta kawarnaa malih | sira Radèn Ôntawirya | samya lang-lang lan arine | datan eca manahira | dingarène ing taman | sinambêran ing têtuhu | bênce kalawan têtêkak ||

32. rahadèn wus sikêp tamsir | sigra mentar dhatêng taman | Rahadèn Sôngka sirage | lawan Rahadyan Sudama | anusul maring [ma...]

--- 15 : 74 ---

[...ring] raka | katri dhatêng tamansantun | ngidêri dalêming raka ||

33. Rahadèn Sukra udani | lamun para putra lang-lang | sampun mingsêr saking gène | kapirsa karosakira | mring Radèn Ôntawirya | ingulap-ulap kadulu | aglis sira pinaranan ||

34. duratmaka lumaywaglis | binuru dene rahadyan | kinêpung lawan arine | nyalimpêt Rahadyan Sukra | para putra narajang | swarane pating barêkuh | datan asuwarèng bala ||

35. Radèn Martatruna angling | hèh yayi Sudama sira | amundhuta obor age | ingkang rayi sigra mentar | prapta ing pasaosan | aglis mundhut obor sampun | wangsul dhatêng pakêbonan ||

36. kang saos arsa tut wuri | ingampah dening rahadyan | dadya sami ajrih kabèh | sami prayitna sadaya | samêkta nèng mandhapa | Radèn Sudama glis rawuh | ing prênahe ingkang raka ||

37. oborira pan cinangking | duratmakaglis malaywa | naracag pagêr batage | Patrawisa Singananda | tiba ajumpalikan | asambat ing gustinipun | wus prapta jawining bata ||

38. dyan Ôntawirya ningali | yèn duratmaka wus mêdal | anulya sinusul age | lalean gya linumpatan | sampun prapta ing jaba | rahadyan asru amuwus | hèh maling sira mandhêga ||

39. yèn sira tuhu prajurit | anacak wong Kapugêran | lah antènana ywa anglès | ayo padha tamèng jaja | agênti acuriga | takêr [ta...]

--- 15 : 75 ---

[...kêr] ludira lan ingsun | payo atandhing prawira ||

40. sakathahe para ari | langkung watir dhatêng raka | arsa anusul karsane | tan sagêd malumpat bata | dadya alok kewala | ingkang wadya samya tulung | pating balêbêr malaywa ||

41. wadya Sindurja nadhahi | nyêgat lêlurung angraman | kadya raina obore | kagyat wong Kasindurêjan | miyat ing Radèn Sukra | angêmpêd dènnya lumayu | katiga lan êmbanira ||

42. ambêkane mêmpis-mêmpis | wadyabala Kasindurjan | sami anggraitèng tyase | Sukra sampun ingalingan | Rahadyan Ôntawirya | tan adangu sigra rawuh | ing ênggonira wong kathah ||

43. wadya parêng miyat sami | dhatêng Radyan Ôntawirya | parêng mêndhêt ing ngarsane | sakalangkung ajrihira | wênèh matur anêmbah | kadospundi wartinipun | dhatêng pundi ingkang dhusta ||

44. wadya sami matur aris | dhumatêng pundi kang dhusta | Radèn Ôntawirya linge | marene mau parannya | katri kang duratmaka | wadya Kasindurjan matur | datan wontên katingalan ||

45. kawula nyêgat ing margi | pandung datan wontên lintang | bilih dhatêng lèpèn anggèr | plajêngipun duratmaka | Rahadèn Ôntawirya | sampun ingaturan kondur | dhatêng Kiyai Jadrêma ||

46. Rahadyan Sukra winarni | sadhatêngira ing wisma | niba ing pagulingane | datan lyan ingkang kacipta | mung adining kusuma | ingkang kacipta ing kalbu | tumèmpèl tungtunging netra ||

--- 15 : 76 ---

47. Radèn Sukra angling aris | asambat-sambat sang rêtna | mirah ingsun nahing anggèr | baya datan myarsa warta | yèn dasih mèh antaka | binuru ing kadangipun | kang nama Dyan Ôntawirya ||

48. arsa kawula ladosi | tan wande ingsun pralaya | lamun pêjaha arine | mandahe sang kadi rêtna | dukane mring kawula | yêkti ngong palaur lampus | lawan amanggih dêduka ||

49. tanbuh raose kang galih | sira wau Radèn Sukra | animbali pamomonge | pawèstri tur kinasihan | nyai Gori kang nama | angandika sang abagus | biyang dèn kaparêng ngarsa ||

50. êmban Gori atur bêkti | sampun tumamèng ing ngarsa | Rahadèn Sukra dêlinge | biyang sira ingsun duta | ngong jaluk karyanira | biyang mintara dèn gupuh | marang dalêm Kapugêran ||

51. ênya iki layang mami | aturna sang kadi rêtna | kang karya brôngta wirage | biyang poma wêkas ingwang | dipun angon iriban | ênya iki paring ingsun | reyal sadasa kèhira ||

52. êmban Gori awotsari | sigra mentar maring ngarsa | dhatêng ing pasar lampahe | kapanggih lan mitranira | aran bok Tambakbaya | wong Kapugêran satuhu | sira nyai Tambakbaya ||

53. anging mangke lagya purik | sêsêrikan lawan priya | kinawayah lara tyase | mangkya amomong sang rêtna | êmban Gori uninga | langkung suka manahipun | angraos yèn angsal karya ||

54. êmban Gori glis marani |

--- 15 : 77 ---

dhatêng nyai Tambakbaya | nulya binisikan age | nyai kula nêdha karya | aturna sêrat ingwang | dhatêng kusumaning ayu | samangsanipun katura ||

55. andika kula upahi | punika reyal sasanga | karyanên patumbas jambe | nyai Tambakbaya lingnya | iki layange sapa | kang tinanya alon muwus | nyai kang ngaturi sêrat ||

56. nênggih pangeran dipati | kang atur sêrat mring garwa | nyai Tambakbaya age | nulya mantuk lampahira | sampun praptèng udyana | kawarnaa sang dyah ingrum | kang lagya momong sarira ||

57. lagya pinarêk ing cèthi | sang dyah eca angandika | kasaru wau praptane | sira nyai Tambakbaya | prapta sahatur surat | kagyat sang dewaning ayu | sêrat sampun tinampanan ||

58. kusumayu ngandikaris | lah iki layange sapa | nyai Tambakbaya ture | kang sêrat raka andika | pangeran adipatya | mèsêm kusumaning ayu | kang sêrat sampun binuka ||

59. katupiksa punang tulis | sang rêtna kagyat ing nala | atanya alon dêlinge | bibi sapa kang ambêkta | matur ni Tmbakbaya | tiyang èstri sampun sêpuh | ngakên tiyang kadipatyan ||

60. sang dyah angandika aris | sira kalêbon upaya | sandi bibi ing jênênge | dudu kakang mas dipatya | kang akirim nawala | alah iki uninipun | dahat layange Si Sukra ||

61. amawi têmbung pamijil | Si Sukra tulus andadra | wong kudu tugêl gulune |

--- 15 : 78 ---

ri sampunira mangkana | rêrêpèn pitung pada | sinèlèh sandhaping kasur | sang rêtna lajêng anendra ||

62. ni Tambakbaya glis mijil | wus prapta pinggiring marga | apanggih lawan dutane | ni Tambakbaya lingira | si bibi kaniaya | andhustha maring sang ayu | nglêbêti sandi upaya ||

63. tan kawarna solahnèki | ni Tambakbaya binêkta | dhatêng Kasindurjan age | nêngêna ingkang lumampah | kocapa Radèn Sukra | langkung dene ngayun-ayun | dhatênge utusanira ||

64. tan adangu nulya prapti | êmban Gori marang ngarsa | agêpah nulya ingawe | lingira Rahadèn Sukra | baya ta olèh karya | êmbanira alon matur | kawula datan uninga ||

65. botên lumêbêt pribadi | punika kang kula duta | kang munggèng ngarsa sang anom | rabine Ki Tambakbaya | nging lagya pêpurikan | mangkya momong ing sang ayu | marma sêrat lumaksana ||

66. Radèn Sukra miyarsangling | langkung suka manahira | arum amanis wuwuse | dhuh bibi kula têtanya | kadospundi kang sêrat | punapa ta sampun katur | dhatêng sang adining kênya ||

67. ni Tambakbaya turnyaris | rahadyan sêrat paduka | sarêng katur ing sang sinom | winalèn-walèn winaca | sang dyah nuntên anendra | sinèlèh ngandhaping kasur | rahadyan sêrat paduka ||

68. sang dyah ayu datan angling | anging sêmunipun lêjar | andrawili ing sêsote | winor lawan pagujêngan | ya ta Rahadyan Sukra |

--- 15 : 79 ---

amiyarsa aturipun | wartane ni Tambakbaya ||

69. kalangkung sukaning ati | ciptane lir wus patutan | nulya maos rêrêpine | sêkar lumbu sang kusuma | waos ulês ing ngarsa | amancala mirah ingsun | nêdha kawin lan kawula ||

70. kathah solahe abrangti | niba tangi Radèn Sukra | sampun owah paningale | sigra dhatêng pasarean | ngandika marang êmban | hèh ta êmban dèn agupuh | undangên ni Tambakbaya ||

71. arsa ingsun têtakoni | êmban Gori sigra mentar | ngundang ni Tambakbayane | kang ingandikan wus prapta | ya ta Rahadèn Sukra | manahipun sampun liwung | sinambut ni Tambakbaya ||

72. rahadyan ngandika aris | hèh bibi aywa rudita | sun karya pêpindha bae | ngong pindha sang kadi rêtna | kang karya lara brôngta | ni Tambakbaya sinambut | binêkta ing pasarean ||

73. rinungrum ingarih-arih | sira nyai Tambakbaya | samana tambuh polahe | mirsa ruming pangandika | kagunganira mingka | lir dahana panasipun | mangah-mangah kadi wôngwa ||

74. Rahadèn Sukra ngrêrêngih | pangrungrume amlasarsa | adhuh mirah jiwaningong | sapa kang duwe bêndara | baya amung pun Sukra | angandikaa wong ayu | sêsotyadi Kapugêran ||

Lajêng nyandhak jilid: 16.

--- 15 : [0] ---

Isinipun

... Kaca:

89. Tumênggung Martapura ing Japara dipun suwun pêjahipun dening Kumpêni. (Asmaradana, Dhandhanggula). ... 6

90. Panêmbahan Rama ing Kajoran ambalela. (Dhandhanggula, Pangkur). ... 19

91. Sinuhun Amangkurat dhawuh anglurugi Pasuruhan. (Dhandhanggula). ... 29

92. Sinuhun Amangkurat besanan kalihan ingkang rayi Pangeran Adipati Pugêr. (Dhandhanggula). ... 34

93. Radèn Ayu Lêmbah dipun kondurakên dhatêng Kapugêran. (Dhandhanggula). ... 55

94. Radèn Sukra dipun pisakit dhatêng Pangeran Adipati Anom. (Dhandhanggula, Pangkur).

95. Radèn Sukra gadhah pangarah dhatêng Radèn Ayu Lêmbah, dèrèng kadumugèn nêmahi tiwas kalih-kalihipun. (Pangkur, Asmaradana, Pangkur). ... 66