Sastra Jawa

Program Digitalisasi Sastra Daerah

  • Increase font size
  • Default font size
  • Decrease font size

Babad Tanah Jawi, Balai Pustaka, 1939-41, #1024 (Jilid 16)

Katalog:Babad Tanah Jawi, Balai Pustaka, 1939-41, #1024
Sambung:
1.Babad Tanah Jawi, Balai Pustaka, 1939-41, #1024 (Jilid 01). Kisah, Cerita dan Kronikal | Babad Tanah Jawi #1010.
2.Babad Tanah Jawi, Balai Pustaka, 1939-41, #1024 (Jilid 02). Kisah, Cerita dan Kronikal | Babad Tanah Jawi #1011.
3.Babad Tanah Jawi, Balai Pustaka, 1939-41, #1024 (Jilid 03). Kisah, Cerita dan Kronikal | Babad Tanah Jawi #1012.
4.Babad Tanah Jawi, Balai Pustaka, 1939-41, #1024 (Jilid 04). Kisah, Cerita dan Kronikal | Babad Tanah Jawi #1013.
5.Babad Tanah Jawi, Balai Pustaka, 1939-41, #1024 (Jilid 05). Kisah, Cerita dan Kronikal | Babad Tanah Jawi #1014.
6.Babad Tanah Jawi, Balai Pustaka, 1939-41, #1024 (Jilid 06). Kisah, Cerita dan Kronikal | Babad Tanah Jawi #1015.
7.Babad Tanah Jawi, Balai Pustaka, 1939-41, #1024 (Jilid 07). Kisah, Cerita dan Kronikal | Babad Tanah Jawi #1016.
8.Babad Tanah Jawi, Balai Pustaka, 1939-41, #1024 (Jilid 08). Kisah, Cerita dan Kronikal | Babad Tanah Jawi #1017.
9.Babad Tanah Jawi, Balai Pustaka, 1939-41, #1024 (Jilid 09). Kisah, Cerita dan Kronikal | Babad Tanah Jawi #1018.
10.Babad Tanah Jawi, Balai Pustaka, 1939-41, #1024 (Jilid 10). Kisah, Cerita dan Kronikal | Babad Tanah Jawi #1019.
11.Babad Tanah Jawi, Balai Pustaka, 1939-41, #1024 (Jilid 11). Kisah, Cerita dan Kronikal | Babad Tanah Jawi #1020.
12.Babad Tanah Jawi, Balai Pustaka, 1939-41, #1024 (Jilid 12). Kisah, Cerita dan Kronikal | Babad Tanah Jawi #1021.
13.Babad Tanah Jawi, Balai Pustaka, 1939-41, #1024 (Jilid 13). Kisah, Cerita dan Kronikal | Babad Tanah Jawi #1022.
14.Babad Tanah Jawi, Balai Pustaka, 1939-41, #1024 (Jilid 14). Kisah, Cerita dan Kronikal | Babad Tanah Jawi #1023.
15.Babad Tanah Jawi, Balai Pustaka, 1939-41, #1024 (Jilid 15). Kisah, Cerita dan Kronikal | Babad Tanah Jawi #1024.
16.Babad Tanah Jawi, Balai Pustaka, 1939-41, #1024 (Jilid 16). Kisah, Cerita dan Kronikal | Babad Tanah Jawi #1025.
17.Babad Tanah Jawi, Balai Pustaka, 1939-41, #1024 (Jilid 17). Kisah, Cerita dan Kronikal | Babad Tanah Jawi #1026.
18.Babad Tanah Jawi, Balai Pustaka, 1939-41, #1024 (Jilid 18). Kisah, Cerita dan Kronikal | Babad Tanah Jawi #1027.
19.Babad Tanah Jawi, Balai Pustaka, 1939-41, #1024 (Jilid 19). Kisah, Cerita dan Kronikal | Babad Tanah Jawi #1028.
20.Babad Tanah Jawi, Balai Pustaka, 1939-41, #1024 (Jilid 20). Kisah, Cerita dan Kronikal | Babad Tanah Jawi #1029.
21.Babad Tanah Jawi, Balai Pustaka, 1939-41, #1024 (Jilid 21). Kisah, Cerita dan Kronikal | Babad Tanah Jawi #1030.
22.Babad Tanah Jawi, Balai Pustaka, 1939-41, #1024 (Jilid 22). Kisah, Cerita dan Kronikal | Babad Tanah Jawi #1031.
23.Babad Tanah Jawi, Balai Pustaka, 1939-41, #1024 (Jilid 23). Kisah, Cerita dan Kronikal | Babad Tanah Jawi #1032.
24.Babad Tanah Jawi, Balai Pustaka, 1939-41, #1024 (Jilid 24). Kisah, Cerita dan Kronikal | Babad Tanah Jawi #1033.
25.Babad Tanah Jawi, Balai Pustaka, 1939-41, #1024 (Jilid 25). Kisah, Cerita dan Kronikal | Babad Tanah Jawi #1034.
26.Babad Tanah Jawi, Balai Pustaka, 1939-41, #1024 (Jilid 26). Kisah, Cerita dan Kronikal | Babad Tanah Jawi #1035.
27.Babad Tanah Jawi, Balai Pustaka, 1939-41, #1024 (Jilid 27). Kisah, Cerita dan Kronikal | Babad Tanah Jawi #1036.
28.Babad Tanah Jawi, Balai Pustaka, 1939-41, #1024 (Jilid 28). Kisah, Cerita dan Kronikal | Babad Tanah Jawi #1037.
29.Babad Tanah Jawi, Balai Pustaka, 1939-41, #1024 (Jilid 29). Kisah, Cerita dan Kronikal | Babad Tanah Jawi #1038.
30.Babad Tanah Jawi, Balai Pustaka, 1939-41, #1024 (Jilid 30). Kisah, Cerita dan Kronikal | Babad Tanah Jawi #1039.
31.Babad Tanah Jawi, Balai Pustaka, 1939-41, #1024 (Jilid 31). Kisah, Cerita dan Kronikal | Babad Tanah Jawi #1040.

Regi f 0.50

[Serie No. 1289o]

Babad Tanah Jawi

Jilid: 16

Bale Pustaka - Batawi Sèntrêm

--- 16 : [2] ---

Wêwênangipun ingkang ngarang kaayoman miturut anggêr ingkang kapacak ing Sêtatsêblad 1912 No. 600.

--- 16 : [3] ---

Radèn Sukra gadhah pangarah dhatêng Radèn Ayu Lêmbah, dèrèng kadumugèn nêmahi tiwas kalih-kalihipun

75. cipta kawula dyah ari | lir agring antuk usada | wus lami kawula anggèr | kawiyogan ing asmara | siyang dalu kacipta | suwaranirasuwarnanira. riningsun | rumakêt anèng ing netra ||

76. watêking jalu lan èstri | pan sampun akaron jiwa | mila katêlah ing mangke | jaruman talang asmara | kathah kang kalampahan | ri sampunira salulut | sigra sêsuci Dyan Sukra ||

77. pawongannya sami prapti | rahadyan sampun alênggah | ingayap marang cèthine | anulya akarya sêrat | sarya sinungan têmbang | badhe katur ing sang ayu | ingulêsan sutra jênar ||

78. dene ungêling kang tulis | arsa sowan ing udyana | yèn sang dyah lêga manahe | kang sêrat sampun tinampan | dhatêng bok Tambakbaya | sigra mentar tan asantun | nahan kang dadya caraka ||

79. jeng pangeran adipati | wau ingkang kawarnaa | lagya siniwèng wadyane | Patih Soda lan Udawa | sami munggèng ing ngarsa | kacarita sang abagus | adarbe paman sajuga ||

80. kang dhèrèk ibunirèki | ratu kilèn kacarita | sampun jinunjung lungguhe | dènira sri naranata | kêkasih Radèn Arya | Tiron mangke wastanipun | wus sowan [sowa...]

--- 16 : 4 ---

[...n] marang kang putra ||

81. praptèng ngarsa awotsari | matur dhatêng ingkang putra | atur pawarti lampahe | warti saking Kasindurjan | kalangkung dhêdhêmitan | anggèr kawula sung wêruh | ing mangkya rayi paduka ||

82. nênggih ulah lambangsari | kang wontên ing Kapugêran | pan pun Sukra lawanane | sampun kintun-kinintunan | myang sêrat-sinêratan | kang dados jarumanipun | rabine pun Tambakbaya ||

83. kala ngrintênakên Kêmis | pun Sukra dhatêng ing taman | ingkang angiring êmbane | kaparanggul mring arinta | Rahadèn Ôntawirya | pun Sukra sampun kinêpung | ing para putra sadaya ||

84. nanging anggèr datan kêni | pun Sukra nuntên malaywa | nanging tan pêgat kajênge | mangkya taksih aputusan | myang urup kampuh sinjang | pun Sukra sêsumbaripun | purun atakêr ludira ||

85. kalawan paduka gusti | dahat arsa tamèng jaja | alirua curigane | nadyan kapanggihèng wana | ing praja myang ing arga | angidid sêsumbaripun | purun jurit lan paduka ||

86. jêng pangeran adipati | myarsa kang paman turira | sakalangkung ing dukane | jajabang mawinga-winga | idêp mangada-ada | pan amêpak wadyanipun | wong kadipatèn samêkta ||

87. karsanira sang apêkik | karsa ngrurah Kasindurjan | amrajaya mring Sukrane | supe yèn putraning nata | sira Apatih Soda | myang Udawa sami matur | anggèr yèn suwawi karsa ||

88. sampun age mangsah jurit | angrurah dhatêng pun Sukra | yêkti [yê...]

--- 16 : 5 ---

[...kti] anistha jênênge | paduka atmajèng nata | pun Sukra pan kawula | yêkti anistha kalangkung | gusti aprang lan kawula ||

89. suwawi ingangkah dhêmit | ing karsa môngsa wandea | lêng aturan sêrat mangke | mring ramanta Jêng Pangeran | Pugêr lamun sêmbada | jêng pangran lêga tyasipun | sigra akarya nawala ||

90. dene ungêle kang tulis | kawula atur uninga | mangkya paman atmajane | aulah lambang asmara | nênggih kalih pun Sukra | sampun dadya sêratipun | ingkang rayi tinimbalan ||

91. Radèn Suryakusumaglis | tumamèng ing ngabyantara | atur sêmbah ing rakane | jêng pangeran adipatya | lingnya yayi sun duta | aturêna layang ingsun | adhi marang kangjêng paman ||

92. Radèn Suryakusumaglis | kang sêrat sampun tinampan | tumulya mentar sirage | warnanên ni Tambakbaya | lampahe sampun prapta | kapanggih lawan sang ayu | ature amêlasarsa ||

93. sarwi ngaturakên tulis | kusuma rara atanya | sapatur layang maringong | ni Tambakbaya aturnya | tunggil wingi punika | saking pun Sukra satuhu | kang tansah atur nawala ||

94. wêlas kawula ningali | dhatêng polahe pun Sukra | kêkudhung turut margine | kadi wong kunjana papa | kapanggih lan kawula | pun Sukra gusti amuwus | têmbunge minta usada ||

95. lawan aturipun gusti | pun Sukra yèn apanggiha | kawula lan padukanggèr | binêkta kesah karsanya | saking ing Kartasura | pan arsa madêg nèng

--- 16 : 6 ---

Kêdhu | Tarayêm kinarya kitha ||

96. rayi paduka dyan mantri | kang badhe kinarya nata | Rahadyan Suryaputrane | wadyèng Kêdhu lan Mataram | sampun sinungan sêrat | pun Sukra purun prang pupuh | anglurugi Kartasura ||

97. mangkya sampun darbe Bugis | kathahipun pitung dasa | badhê andêling palugon | gumujêng kusuma rara | sang dyah sarya ngandika | Si Sukra tuhu kapaung | nyata kêna sèpi lanat ||

98. baya tan ngrasa pakathik | bèbèt tlitine Si Sukra | arsa mungsuh jêng wa katong | lah edan ingkang dinuta | si bibi Tambakbaya | apa tan duwe pêpusuh | anggugu wong kêna tulah ||

99. ni Tambakbaya turnyaris | watawis môngsa cidraa | wantune wong bagus anom | lawan pun Sukra pratignya | lamun seda sang nata | yèn rakanta madêg ratu | pun Sukra gusti tan arsa ||

100. angawulaa ing benjing | dhumatêng raka paduka | tan arsa kuncup astane | purun atandhing ayuda | lan pangran adipatya | purun atakêra marus | baguse môngsa kantuna ||

101. sang dyah datan kêna angling | myarsa turing Tambakbaya | ya ta gênti winiraos | kang lagya dadya caraka | Radèn Suryakusuma | sampun prapta lampahipun | tumamèng ngarsaning rama ||

102. sigra ingawe tumuli | radyan mangsah awotsêkar | angaturakên sêrate | gya tinampan dening rama | kang sêrat tinupiksa | mungêl ing ijoanipun | saking pangeran dipatya ||

103. saha ngaturakên [ngatura...]

--- 16 : 7 ---

[...kên] bêkti | mring paman ingkang pinujya | kang ambêg santa budyane | kang pinujyèng warda warga | Kartasura sadaya | ri sampuning sêmbah atur | wiyosipun tur uninga ||

104. yèn ing mangke yayi dèwi | anglampahi lambangsêkar | kalih pun Sukra rencange | sampun akaron asmara | miwah angliru wastra | kang dadya jarumanipun | rabinipun Tambakbaya ||

105. ri sampuning maos tulis | Pangeran Pugêr bramatya | lir wora-wari jajane | ngatirah ingkang sêsotya | idêp mangada-ada | padoning lathi kumêdut | lir nuwêk wong tanpa dosa ||

106. para putra dèn timbali | agêpah prapta ing ngarsa | kang rama sru timbalane | hèh Sudira timbalana | bakyunira Si Lêmbah | Radyan Sudira wotsantun | sigra mentar dhatêng taman ||

107. kang raka dipun timbali | Dyan Ayu Lêmbah gya mentar | awirandhungan lampahe | wus prapta ngarsaning rama | tur bêkti ngaras pada | Pangeran Pugêr amuwus | hèh nini sira linggiha ||

108. kang putra saha wotsari | wus lênggah ngarsaning rama | Pangeran Pugêr wuwuse | marma sun timbali sira | nini ingsun têtanya | apa baya purwanipun | nini sira tilar wisma ||

109. pan sira alaki gusti | pagene wania lunga | durung ana timbalane | sanadyan sira alaa | ywa gêgawa wong tuwa | miwah mring arinirèku | ala bêcik labuhana ||

110. sang dyah datan kêna angling | tumungkul mijil kang waspa | kamantyan tinon citrane |

--- 16 : 8 ---

anglir Dèwi Wilutama | rat jagat tanpa sama | parêkan milwa kapiluh | wêlas marang sang lir rêtna ||

111. Rahadèn Ôntawiryèki | sampun nikêling ing rama | dhatêng ing taman sirage | pasareannya kang raka | wau kang pinariksa | myang ngandhaping karang ulu | binalengkrahan sadaya ||

112. datan adangu kapanggih | rêrêpine Radèn Sukra | munggèng ing ngandhap kasure | kalangkung gêgêtunira | Rahadèn Ôntawirya | nyai Tambakbaya sampun | siniwêr tan kêna mêdal ||

113. rahadyan wus mentar aglis | dhatêng ngarsane kang rama | prapta sahatur sêmbahe | Pangeran Pugêr ngandika | nini sira muliha | ingkang putra awotsantun | samarga asangu waspa ||

114. awirandhungan samargi | sang rêtna wus anglong jiwa | lêsu lupa sarirane | sapraptanirèng udyana | sira pan babo inya | nangisi mring gustinipun | sarwi ngaturi uninga ||

115. yèn rêrêpi wus kapanggih | maring Radyan Ôntawirya | sang rêtna anglês manahe | aniba ing pagulingan | warnanên sira Radyan | Ôntawirya sigra matur | rêrêpi katur mring rama ||

116. ingkang sêrat dèn tingali | jêng pangeran wus anduga | sakalangkung ing dukane | jajabang mawinga-winga | asru dènnya ngandika | wus pinasthi awak ingsun | alingsêm anggèr atmaja ||

117. sudira payo dèn aglis | kakangira untapêna | matia sadina mêngko | myang rabine Tambakbaya | sira wasisakêna | lan ari-arinirèku |

--- 16 : 9 ---

sira bêktaa sadaya ||

118. Radèn Suryakusumèki | kalangkung wiyang tyasira | tur sêmbah sigra lampahe | umangkat dhatêng ing taman | ing wuri tangis umyang | dyan ayu anèm myang sêpuh | kalih anungkêmi pada ||

119. samya umalang kapati | jêng pangeran datan arsa | tan kêna kongkih driyane | ya ta jêng pangeran nulya | mring panêpèn samana | kang karuna maksih umung | gantya wau kawuwusa ||

120. para putra sampun prapti | ing lêlangon unggyanira | kang raka kagyat praptane | kang rayi-rayi sadaya | kang raka angandika | babo ari-ariningsun | ing kene padha linggiha ||

121. Radèn Sudira nulyaglis | umatur marang kang raka | kakang bok kula kinèngkèn | iya marang kangjêng rama | mundhut pêjah gêsangta | duk miyarsa kusumayu | tyas anglês mijil kang waspa ||

122. ban inya samya ngrungkêbi | ing padaning pra atmaja | lara-lara sêsambate | wau ta ni Tambakbaya | pan sampun tinalenan | kang tangis umyang gumuruh | pra ibunya sami prapta ||

123. umung gumulung manangis | wadyalit ing Kapugêran | kagyat nèng pasowan andhèr | nging tan kenging lumêbua | kori wus kinuncènan | warnanên kang samya muwun | dyan ayu aris ngandika ||

124. paran uga awak mami | iya goningsun suminggah | yèn wus jêng rama karsane | tan nganggo catur pariksa | gugu kangmas dipatya | yayi aturna rumuhun | sêmbah ingsun mring jêng rama ||

125. lawan [lawa...]

--- 16 : 10 ---

[...n] alad gampil mami | sigra Radèn Ôntawirya | umarêk ing rama age | praptèng ngarsa atur sêmbah | katur saaturira | kang rama ngandika asru | hèh sutaningsun dèn enggal ||

126. aja wlas daging-dinaging | yèn Si Sudira upama | tuwin kakangira kabèh | lamun mandhêg tumulèha | yèn gigu nguntapêna | sun upatani sadarum | sigra Radèn Ôntawirya ||

127. lèngsèr saking ngarsa prapti | ing lêlangon ngarsèng raka | umatur satimbalane | yèn gigua sinupatan | parèbu inya myarsa | anglud ing tangis gumuruh | sang rêtna alon ngandika ||

128. yayi mas antinên dhingin | ingsun arsa akujamas | sang rêtnalon timbalane | biyang agawea lôndha | sigra sang rêtna têdhak | kujamas lan inyanipun | sasampunira kujamas ||

129. sang dyah aggêgônda minging | kang kênaka rinampungan | pan sampun anglong citrane | wênês ijo sirat-sirat | ingkang parèbu samya | sinapihan kinèn mêtu | saking ing gupit langênan ||

130. êmban inya dèn tundhungi | prasamya kinèn mêdala | saking ing lêlangon age | mung kantun ni Tambakbaya | parèbu para inya | samya anèng jawi pintu | ya ta wau kang pratmaja ||

131. Rahadèn Sudira aglis | nyandhak cindhe kang kênanga | ingkang kinarya anglawe | sigra kang raka cinandhak | astane siji sowang | pratmaja samya mêtu luh | ajrih kapêksa ing rama ||

132. Radèn Sôngka Sudamèki |

--- 16 : 11 ---

anyêkêli Tambakbaya | Radèn Dipatarune |Kurang satu suku kata: Radèn Dipatarunane. lan Radèn Wôngsataruna | agèmèli kang raka | lawan asta kananipun | kang kiwa ngusapi waspa ||

133. sang rêtna ngandika aris | riningsun kalumpukêna | Si Sôngka Sudama age | kabèh padha dèn apêrak | tingalana sun iya | wêkasane atêtêmu | lan yayi-yayi sadaya ||

134. sang rêtna waspadrês mijil | mulat mring ari sadaya | asêrêt pangandikane | wus yayi padha karia | sun amit maring sira | muga-muga raganingsun | antuka marga sampurna ||

135. sang rêtna ubut pribadi | sarwi anganglungkên jôngga | cindhe wus tinalèkake | kang kiwa Dyan Ôntawirya | kang narik têngênira | Radèn Suryakusumèku | dupi arsa siningsêtan ||

136. sang rêtna ngandika aris | mêngko yayi sadhela kas | sun ari mêmêkas manèh | aturêna sêmbah ingwang | marang ibu sadaya | mring rama sun amit lampus | tuwin mring pangran dipatya ||

137. aturêna sêmbah mami | tuwin kangjêng wa narendra | kang sun suwun apurane | apan kakang mas dipatya | sun dhingin pinaringan | sotya rong kêmbaran iku | yayi sira aturêna ||

138. lan rêtna cêpaka yayi | mirah selan nêm kêmbaran | ijo mirut lan widure | iku padha aturêna | lan dhêdhakon salaka | kêcike suwasa luru | rongatus wawrat rong katya ||

139. padha aturêna benjing | papan cuki sagagragan | iya sun gawa marene | iku yayi aturêna |

--- 16 : 12 ---

cukine saparo mas | ya rong kati bobotipun | ingkang saparo salaka ||

140. iya bobote rong kati | cindhe puspita salirang | uwis mung iku duwèke | sinjang lawan kasêmêkan | goningsun gawa dhawak | uwis mara ariningsun | kang rayi samya awaspa ||

141. cindhe pan sampun tinarik | sang rêtna ngêningkên tingal | nora samar dêdalane | patitis ing sangkan paran | kêcêp maring kamuksan | pan cumêkik swaranipun | sang rêtnaning dyah wus niba ||

142. kagyat sadaya parari | prasamya atêbah jaja | prasamya karuna kabèh | kang layon wus rinarômpa | pinarnah ujurira | nyai Tambakbaya wau | apan sampun pinêjahan ||

143. kori winêngakkên aglis | pra ibu prapta sadaya | tuwin inya lan êmbane | miyat layon gilang-gilang | agêpah sinungkêman | swaraning tangis gumuruh | pra putra sowan ing rama ||

144. amatur sarwi anangis | sakathahing paratmaja | yèn sampun lalis kakange | jêng pangeran tan ngandika | ya ta kang kawarnaa | wadya kang jawi ing pintu | miyarsa yèn gusti duka ||

145. sadaya atata baris | wadyabala Kapugêran | warta wus adoh gumyahe | Pangeran Arya Mataram | sampun miyarsa warta | budhal kang wadya gumuruh | lan Pangran Arya Panular ||

146. praptèng Kapugêran sami | nèng lêlurung barisira | pangeran malêbêt age | wus panggih lawan kang raka | gantya kang kawuwusa | pra garwa dandan [danda...]

--- 16 : 13 ---

[...n] malêbu | atur uninga mring nata ||

147. anarka yèn dadi jurit | lawan wadyèng Kasindurjan | sigra-sigra ing lampahe | datan kawarna ing marga | wus praptèng dalêm pura | kawarnaa sang aprabu | pinarak kang prabayasa ||

148. kagyat miyat dhatêng ari | sang natalon panapanya | dening dingarèn bok ipe | awan-awan malbèng pura | baya sira dinuta | yayi marang ing lakimu | ari ing Pugêr Dipatya ||

149. dyan ayu matur wotsari | ing purwa têkèng wasana | salir solah prakarane | kang raka atur ing nata | kampitèng tyas narendra | atêbah jaja angadhuh | nora kaya ari êmas ||

150. lagi tumon mung si adhi | ujare kang paribasan | macan kolu mring anake | sagalakane kang singa | tan kolu mring atmaja | hèh Wilaja dèn agupuh | bocah gandhèk timbalana ||

151. kon nimbali pra dipati | kang ingutus sigra mentar | pating balêbêr polahe | kang ingandikan glis prapta | lumampah saha bala | para punggawa anggrêgut | otêr wadya Kartasura ||

152. punggawa môncanagari | pasisir prapta sadaya | kacarita duk kinane | sami wismèng Kartasura | ya ta Radèn Sindurja | sampun mêpak wadyanipun | santana sampun samêkta ||

153. wong Kasindurjan wus baris | dyan patih supe ing nata | saking wrat trêsnèng putrane | miwah sira Radèn Sukra | sampun ngrasuk busana | asêdya asoroh amuk | wong Bugis sampun samêkta ||

--- 16 : 14 ---

154. pitung dasa winitawis | kathahe wong têtêbusan | nèng palataran barise | solahe pating jalimprak | pra santana wus prapta | Dêmang Suradaksanèku | lawan Ki Citramanggala ||

155. lawan Ki Surajayèki | sampun matur angrêrêpa | sampun makatên karsane | rumaosa yèn kawula | Radèn Arya Sindurja | kawratan asih mring sunu | datan kêna angandika ||

156. Rahadyan Sukra anangis | karsanya arsa ngamuka | mring pangeran dipatyanom | ingampah dening kang rama | pan patih angandika | wacana apait juruh | dhuh gusti sira ungkurna ||

123. Pangkur

1. sri narendra langkung duka | sigra têdhak marang ing srimanganti | wadyèng jro sumahab rawuh | marêk saha warastra | mantri gêdhong kaparak kinon anggrêgut | datan kaliru ing prênah- | ira prayitna ing wèsthi ||

2. para bupati ing jaba | sampun pêpak nangkil nèng pôncaniti | Dipati Sampang wus rawuh | sayaga saha bala | atanapi Dipati Surabayèku | sampun prapta saha bala | ing alun-alun abaris ||

3. kala jênênge sang nata | Amangkurat pra punggawèng pasisir | miwah môncanagarèku | timbalannya narendra | tan sinungan mantuk dhatêng wismanipun | kinèn wismèng Kartasura | pêpatih têngga nagari ||

4. Ki Tumênggung Sumabrata | sampun nangkil dhatêng ing srimênganti | myang Wiramêja Tumênggung | miwah Mangunnagara | Ki Tumênggung Surantani datan kantun | saos ngarsaning narendra | angandika sang

--- 16 : 15 ---

siniwi ||

5. hèh Tumênggung Sumabrata | Si Sindurja paran karêpe mangkin | Ki Sumabrata umatur | abdi dalêm pun Arya | Sindurêja supe dhatêng sang aprabu | kawratan trêsnèng atmaja | mila asupe angabdi ||

6. wau sampun mêpak bala | kinèn baris wau kang wadya Bugis | têtêbusan pitung puluh | sami baris malatar | sri narendra miyarsa kalangkung bêndu | jajabang mawinga-winga | kumêjot padoning lathi ||

7. hèh Tumênggung Sumabrata | kêbutêna sakèh para dipati | Ki Sumabrata wotsantun | yèn suwawi ing karsa | ari nata Dyan Ayu Pucang pukulun | mangke sae tinimbalan | dhatêng ing ngarsa narpati ||

8. sang nata lon angandika | hèh Wilaja lan Suwônda dèn aglis | timbalana ariningsun | kang kinon awotsêkar | aglis mêdal sigra-sigra lampahipun | ingiring para punggawa | pasisir môncanagari ||

9. gumulung wadyèng Madura | atanapi bala ing Surawèsthi | ing Sindurjan wus kinêpung | sira nyai Wilaja | miwah nyai Suwônda pan sampun rawuh | dumrojog tanpa larapan | apanggih lan radèn patih ||

10. nyai Wilaja lingira | hèh dyan patih timbalaning narpati | atmajanira pinundhut | ingkang aran Si Sukra | putranira kêna kukum ulah tuhu | Dyan Ayu Lêmbah wus seda | Si Sukra mêsthi ngêmasi ||

11. Rahadyan Arya Sindurja | amiyarsa timbalannya narpati | anjêtung tan kêna muwus |

--- 16 : 16 ---

saking trêsnèng atmaja | awasana Rahadèn Sindurja muwus | kawulatur pêjah gêsang | dhatêng kangjêng sri bupati ||

12. yèn kenginga pun Sindurja | nyai ingkang nalangana ing pati | duta kalih wlas andulu | dhatêng kang trêsnèng putra | sigra Radèn Ayu Pucang ngandikan wus | kering dhatêng ing caraka | kalih praptèng ngarsa aji ||

13. nulya Radèn Ayu Pucang | anungkêmi pada sahawor tangis | sakalangkung ajrihipun | narka yèn ana duka | dening ngagêm sakapraboning prang pupuh | naradipati ngandika | yayi muliha dèn gipih ||

14. lah warahên lakinira | Si Sindurja yèn arêp nêmu bêcik | lan uripe anakipun | sira kona aseba | marang ngarsaningsun yayi dèn agupuh | yèn lakinira tan seba | yêkti sun tindak pribadi ||

15. kang rayi saha wotsêkar | sigra mentar praptèng dalêmirèki | wus panggih lan rakanipun | radyan ayu karuna | sarya warti timbalanira sang prabu | ing purwa têkèng wasana | kang raka tan kêna angling ||

16. Dyan Ayu Pucang lingira | sira kinon parêng kalawan mami | kang raka kewran ing kalbu | dadya anut ing garwa | Radèn Sukra sinêsêp-sêsêp kang êmbun | lan gusti sira karia | ingsun seba ing narpati ||

17. anuwun apurèng nata | dyan apatih mijil lan swaminèki | tan kawarna lampahipun | prapta ing panangkilan | lajêng tinimbalan dhatêng ing purarum | anulya Ki Sumabrata | amapagakên dyan patih ||

18. ingiring

--- 16 : 17 ---

mantri kaparak | Dyan Sindurja kinubêng ing baris |Kurang satu suku kata: Dyan Sindurêja kinubêng ing baris. dhuwungira wus pinundhut | curiga katur nata | Dyan Sindurja rinêksa ing mantri agung | anèng kori kamandhungan | warnanên sri narapati ||

19. asru dènira ngandika | hèh wong gandhêk lah warahên si adhi | ing Sampang mara dèn gupuh | lan Dipati Urawan | sakancane andikakêna tumanduk | amêjahana Si Sukra | kang kinèn mentar wotsari ||

20. wus cundhuk lan Adipatya | Cakraningrat lan Urawan Dipati | sami sandika turipun | warnanên Radèn Sukra | sapêngkêre ingkang rama inêb pintu | wong Kasindurjan wus pisah | amung tiyang Bugis sami ||

21. kinèn baris palataran | samya kilung wanèh anaut rawis | karsanya arsa angamuk | Radèn Sukra tan arsa | dadya muwêr tan têbah lan gustinipun | sira Dipati Urawan | èsmu kewran jroning ati ||

22. arsa kinasap kewala | Radèn Sukra kathah wadyanya Bugis | sayêkti asoroh amuk | têmah wadyalit rusak | Ki Dipati Urawan tan kêna muwus | gandhèk wantu-wantu prapta | angenggalakên ing pati ||

23. patinira Radèn Sukra | Ki Dipati Urawan angling aris | dipun samêne karuhun | sakèh para punggawa | dan tinari sami mangkana turipun | apênêd ingarah lêmbat | tan karya rusaking cilik ||

24. ya ta wontên kang santana | Dyan Sindurja lungguh mantri panumping | Ki Môndaraka ranipun | kaprênah naking-sanak | lan Sindurja matur mring Urawan sampun |

--- 16 : 18 ---

kawularsa malêbêta | ambujuk pun Sukra panggih ||

25. ingidèn mring ki dipatya | wus lumêbêt sarya atilar kêris | mènèk banon marginipun | ing jro banon wus prapta | wadya Bugis kagyat dènira andulu | arsa nulya pinarjaya | dene tan ambêkta kêris ||

26. Rahadèn Sukra samana | talêmpake ingkang tansah pinusthi | nèng asta tan kêna ucul | kagyat miyat ing paman | Kyai Môndaraka agêpah malayu | rinangkul Rahadèn Sukra | pan sarya dipun tangisi ||

27. adhuh anak ingsun nyawa | kayaparan ing polahira iki | tan wêlas mring sudarmamu | gusti sira nututa | uwakira Ki Urawan sampun rawuh | dipati anèng paseban | dinuta ing sri bupati ||

28. timbalane sri narendra | lamun sira kaki tobat sayêkti | ingapura ing sang prabu | anggèr sira metua | Radèn Sukra samana lêjar tyasipun | sampun karsaning Hyang Suksma | Dyan Sukra prapta ing pati ||

29. wadya Bugis sigra bubar | ingkang kori winêngakakên aglis | Dipati Urawan muwus | aja ana sikara | marang wadya Bugis dimèn samya mêtu | sigra Dipati Urawan | lumêbêt sajroning kori ||

30. lan Tumênggung Wiradigda | wus acundhuk Radyan Sukra ngabêkti | dhuwunge sinêndhal sampun | marang Ki Wiradigda | Môndaraka anubruk sangking ing pungkur | Radyan Sukra wus binônda | ginodhi ing cindhe wilis ||

31. Ki Adipati Urawan | angandika Sukra [Su...]

--- 16 : 19 ---

[...kra] paran ing kapti | apa sira arsa lampus | tuwin yèn arsa gêsang | lamun sira nyawa amiliha lampus | ramanira ingkang gêsang | yèn sira amilih urip ||

32. ramanira ingkang pêjah | lamun sira kaki miliha urip | tanpa karya bapakamu | apêputra ing sira | Radyan Sukra ature amêlasayun | dhuh uwa lêhêng kawula | ingkang anglabuhi pati ||

33. anging sawingking kawula | kangjêng rama lulusa mukti sari | Dipati Urawan muwus | ywa sira pindho karya | yêkti ingsun ingkang matur ing sang aprabu | Rahadèn Sukra turira | uwa dipati tur mami ||

34. yèn kawula pinêjahan | kangjêng uwa sampun dika sesani | sakarsa-karsanya lampus | Ki Dipati Urawan | sigra mundhut upas baruwang myang racun | sakathahe punang wisa | tinamakakên tumuli ||

35. nanging rahadyan wantala | tan tumama sagunging wisa mandi | kasaru timbalan rawuh | wong gandhèk tundha-tundha | ngenggalakên Dyan Sukra ing pêjahipun | Ki Tumênggung Wiradigda | ajrih timbalan narpati ||

36. myang Ngabèi Môndaraka | kaku tyase Sukra cinandhak aglis | dyan pinunter gulunipun | Radèn Sukra wus pêjah | gilang-gilang kunarpanya kawlasayun | sira Dipati Urawan | wus mijil jawining kori ||

37. myang Tumênggung Wiradigda | Angabèi Môndaraka tan kari | wus praptèng jawining pintu | panggih lawan Pangeran | Cakraningrat lan Dipati Surèngkewuh | kang baris wus kinèn bubar | dene kang para [pa...]

--- 16 : 20 ---

[...ra] dipati ||

38. lajêng maring panangkilan | tur uninga ing kangjêng sri bupati | sampun katur ing sang aprabu | nulya sami ngandikan | pra punggawa tumamèng byantara prabu | samya nêmbah ring suku sang | mangusapi lêbu sami ||

39. sang nata aris têtanya | kayaparan Si Sukra wus ngêmasi | Dipati Urawan matur | inggih sampun pralina | sri narendra awacana pait juruh | Si Sindurja luwarana | kang kinon mentar wotsari ||

40. tan kawarna polahira | Dyan Sindurja pan sampun dèn luwari | dhuwung pinaringkên sampun | dosane ingapura | sampun kinon mantuk dhatêng wismanipun | sakèhe para nayaka | samya ngiring mring dyan patih ||

41. sêngkalanira ingetang | tuggil warsa lan pangeran dipati | duk kala pêpanggihipun | lawan Dyan Ayu Lêmbah | dyan apatih wus prapta ing dalêmipun | miyat layoning atmaja | lêng-lêng mangu tan kênangling ||

42. lingira Dipati Sampang | kakang sampun kathah rinaos galih | pinasthi karsèng Hyang Agung | pêjahe putrandika | ingkang layon kinèn bêkta mêdal sampun | nulya lajêng siniraman | sigra pinêtak tumuli ||

43. tan kocapa kang sungkawa | sri narendra utusan mring kang rayi | maringi salawatipun | lawan mori rong kêbar | ni Wijaya ingkang ingutus de prabu | sarya mundhut ingkang putra | Dyan Ayu Impun namèki ||

44. lawan ingkang kaponakan | Radèn Ayu Pugêr èstri

--- 16 : 21 ---

yu luwih | kêkalih sarêng pinundhut | kang rayi tan lênggana | ingkang putra sampun katur ing purarum | langkung sihira sang nata | maring kaponakan èstri ||

96. Adipati Wiranagara ing Pasuruan nêlukakên nagari Pranaraga

45. sang rêtna pinutra-putra | marang uwa kangjêng sri narapati | ya ta gantya kang winuwus | nênggih kang winursita | Adipati Wiranagara ranipun | kalangkung mukti wibawa | nèng Pasêdhahan nagari ||

46. nagara gêmah raharja | kêbo sapi tan ana dèn kandhangi | kanan kerinira tungkul | dhatêng sang adipatya | Pasêdhahan kasusra prajurit luhung | samana lagya sineba | pêpak kang punggawa nangkil ||

47. ingkang sumiwi ing ngarsa | Rôngga Êmbun Jaladriya prajurit | ngabèi lèr lawan kidul | bala Nusakambangan | pêpak andhèr pating prêngangah dinulu | ana ingkang simbar jaja | bêbrêngos sakêpêl sisih ||

48. sami asondhèr sadaya | sawarnine adhuwung cara Bali | sang adipati amuwus | maring pêpatihira | angabèi êlèr lan ngabèi kidul | hèh bapa paran ing karsa | wruhanira ingsun nguni ||

49. atamian duta Sampang | Rôngga Malangjiwa prapta ing ratri | lan ambêkta sêratipun | kakang Anyakraningrat | ênya iki layang pariksanên gupuh | ngabèi lor awotsêkar | tinupiksa punang tulis ||

50. ri sampuning maos [mao...]

--- 16 : 22 ---

[...s] sêrat | ngabèi lor matur saha wotsari | yèn makatên ungêlipun | anggèr punang nawala | saenipun paduka mangkat dèn gupuh | anglurug mring Pranaraga | lingira Dyan Surapati ||

51. ingsun tan tindak priyôngga | sira bapa ing mangkya ingsun tuding | sira mentara dèn gupuh | nglurug mring Pranaraga | wadyaningsun sapalih gawanên nglurug | miwah jêro jaba iya | mantri gawanên sapalih ||

52. myang Si Arya Jayaningrat | lah milua marang lakunirèki | Bun Jaladriya ywa kantun | myang Bun Jalapinatya | lawan Êbun Jalapinaron kang milu | lan Si Lêmbu Singandaka | Lêmbu Giyêng aywa kari ||

53. Si Lêmbu Gadrug milua | myang Si Lêmbu Wanasrênggi ywa kari | Lêmbu Pothapathi tumut | Dêmang Gêmpung lan Rôngga | Panatasron myang Rôngga Jaladri iku | miwah wadya sêsêliran | sira gawaa sapalih ||

54. Si Rôngga Bun Jaladriya | lah milua kesah mring Pranaragi | ngabèi lor lawan kidul | lèngsèr saha wotsêkar | praptèng jawi sigra atêngara umung | orêg wadyèng Pasêdhahan | prasamya atata baris ||

55. kang dadya panganjuring prang | Bajopati lawan pun Jalapati | nindhihi wong numbakbiru | ran wong Sêcanrangbaya | wadya drêmbayuda sikêp waos gêmpung | nambungi ing wurinira | Lêmbu Giyêng kang nindhihi ||

56. ing wuri wong surènglaga | samya rare anom warnanya pêkik | samya rasukan baludru | abrit waosnya binang | wadya jayèngrêpit kang lumakwèng pungkur | samya sikêp [si...]

--- 16 : 23 ---

[...kêp] waos pêthak | rasukan baludru kuning ||

57. sira Arya Jayaningrat | kang nindhihi wadya anjayarêpit | awatawis kalih atus | sami wong dulangmangap | sawarnine pan sami atêguh-têguh | ing wuri wong pêpilihan | kyai patih kang nindhihi ||

58. sakwèh kang para niyaka | datan têbih kalayan ki apatih | nulya tinangaran gupuh | panganjurira budhal | pan samarga wadyalit samya ngrêramu | têtiyang môncanagara | kang kamargan samya ngili ||

59. tan kawarna lampahira | pan ginêlak lampahe punang baris | nagari Daha wus rawuh | nabrang ing palabuhan | pra punggawa môncanagara wus larut | tan ana wani mapaga | marang Radèn Surapati ||

60. ing Pranaraga wus bêdhah | kuthanipun sampun dipun anciki | wadyalit samya malayu | angili maring jurang | ki ngabèi êlor lan ngabèi kidul | abaris ing Pranaraga | sawadyanira umiring ||

61. sigêgên wong Pasêdhahan | sang narendra Mangkurat kang winarni | enjing sineba kang prabu | pêpak kang wadyabala | wong kaparak andhèr ing ngarsa sang prabu | asri ingkang upacara | awarna-warna kaèksi ||

62. sagunging para nayaka | pêpak andhèr sowan ing pôncaniti | Radyan Sindurja wus rawuh | miwah Dipati Sampang | miwah Dipati Surabaya tan kantun | miwah Dipati Urawan | Tumênggung Wiradigdèki ||

63. punggawa môncanagara | myang pasisir andhèr ngarsaa narpati | Mangkuyuda jajaripun | miwah Ki Natayuda |

--- 16 : 24 ---

bupati jro ngiwa nêngên lampahipun | Ki Tumênggung Sumabrata | myang Tumênggung Surantani ||

64. Ki Tumênggung Wirarêja | myang Tumênggung Mangunnagara nangkil | punggawa pêpak supênuh | jêjêl nèng panangkilan | Kya Apatih Sindurja matur wotsantun | patik aji tur uninga | dhatêng paduka narpati ||

65. ing mangkya mêngsah bang wetan | andhatêngi wadyanya Surapati | kang prajurit tigang èwu | sikêpe kalih nambang | ing bang wetan samangkya sampun ginêmpur | Pranaraga sampun bêdhah | kithanya kinarya baris ||

66. sri naranata ngandika | yèn mêngkono ari mas Adipati | Pugêr prayoga tumanduk | nglurug mring Pranaraga | wadyèng Kartasura rong duman kang milu | ingkang saduman karia | miwah kang para bupati ||

67. saduman ingkang karia | kang rong duman milua maring yayi | lah poma wêwêkas ingsun | dipun sami rumêksa | mring ari mas aywa beda lawan ingsun | dènira sami rumêksa | poma kang para bupati ||

68. sagung kang para punggawa | amiyarsa ing wêlinging narpati | sami sandika turipun | lingira sang narendra | hèh Sindurja pira lawase duk rawuh | kongkonane Si Walônda | ngaturi sêrat mring mami ||

69. radèn patih atur sêmbah | wus anduga ing karsanya narpati | sigra kondur sang aprabu | prapta ing sitibêntar | ni Suwônda ingutus dèning sang prabu | animbali Jêng Pangeran | Pugêr lumêbêt ing puri ||

70. lan adipati ing Sampang | miwah adipati ing Surawèsthi |

--- 16 : 25 ---

patih Sindurja tan kantun | catur ingkang punggawa | sampun kèrid sarêng praptèng jro kadhatun | tumama ring ngabyantara | ingawe dening narpati ||

71. kang rayi majêng wotsêkar | myang punggawa katiga atur bêkti | wus munggèng ngarsa sang prabu | pangandikèng narendra | sira yayi Dipati Pugêr ngong tantun | kayaparan karsanira | dening dutaning Kumpêni ||

72. awanti-wanti kang prapta | saha sêrat nagih mring utang mami | sira yayi ingsun tantun | paran ing karsanira | apa bêcik sun sauri utang ingsun | utawa si lamun ora | kang rayi matur wotsari ||

73. pukulun atur kawula | môngsa borong ing karsa sapadukaji | sang nata alon amuwus | yayi sira rêmbuga | drêma-drêma ingsun yayi madêg ratu | ana pakewuhing praja | sun têmpuhkên sira yayi ||

74. kang rayi matur anêmbah | yèn suwawi ing karsa narapati | Kumpêni pinogok purun | pedahipun punapa | sinauran sri narendra utang sanggup | pan sampun anyaur praja | Carêbon Pasundhan nguni ||

75. Radyan Sindurja turira | kadospundi anggèn mabêni benjing | apan rakanta kang sanggup | angajèni Walônda | ingkang pêjah samadyaning aprang pupuh | miwah balanjaning yuda | raka paduka nanggupi ||

76. Pangeran Pugêr lingira | baya ewuh sêsaurane benjing | pakênira kang sumaur | nagari nusa Jawa | sawarnine apan kagunganing ratu | Walônda bantuwèng yuda | pan sampun tampi nagari ||

--- 16 : 26 ---

77. ing Carêbon myang Pasundhan | kakang êmas mangkya jumênêng aji | Walônda pan sampun sinung | wêwênang dening nata | miwah karya loji pasisir lor sinung | Japara nagri Têtêgal | miwah nagari Samawis ||

78. pagene nora dèn têbas | akèh jine bumi ing tanah Jawi | miwah wong pasisir takut | saking bawaning nata | lamun mêksa Walônda panagihipun | lah age sira tundhunga | aywa ngambah bumi Jawi ||

79. kaya godhong apan kathah | ajinipun kagunganing narpati | yèn tan anut karsa prabu | ngambanga ing samodra | adipati ing Sampang sigra sumambung | alêrês karsa paduka | wadya Walônda nèng Jawi ||

80. abêburuh ing narendra | sampun angsal buruhan pun Walandi | lah mantuka dèn agupuh | sampun ngambah rat Jawa | parandene abantoni ing prang pupuh | dados kêkêtêb kewala | kang jurit têtiyang Jawi ||

81. Adipati Surabaya | anambungi duk aprang Surabanggi | apan kawula karuhun | ingkang dados manggala | pun Walandi pan awis tumut prang pupuh | dados kêkêtêb kewala | milane panas kang galih ||

82. sang nata mèsêm ngandika | iya bênêr dadya kukuh panitih | yèn Walônda mêksa besuk | angalani maringwang | sayêkti wadya Kumpêni ingsun gêmpur | yèn tulus bêcik maringwang | ingsun ajrih angalani ||

83. ing nguni ingsun cinêtha | marang kangjêng eyang Sultan Matawis | lamun tulus jênêng ingsun | saha bala bacingah | kala ingsun maksih

--- 16 : 27 ---

winawratkên ngibu | pinêca mring kangjêng eyang | ing mangkya uwus pinanggih ||

84. hèh Sindurja wêkas ingwang | lamun sira ingsun duta ing benjing | padunira dèn akukuh | mring Si Petor Samarang | myang Kumêndur Japara poma dèn pêngkuh | aywa sira kêna mêndat | radyan patih awotsari ||

85. sang nata malih ngandika | ari êmas Pugêr wêwêkas mami | yèn sira prapta ing besuk | nagara Pranaraga | mungsuhira tonjokkên layang dèn gupuh | sira karyaa pêpêjah | aywa kêmba ing ajurit ||

86. ri sampunira mangkana | ingkang rayi pinaring busanadi | miwah reyal badhe sangu | jêng pangeran wotsêkar | sigra mêdal punggawa katri tan kantun | sampun praptèng dalêmira | sigra asuwarèng dasih ||

87. orêg wadyèng Kapugêran | samya dandan sabusananing jurit | ing dalu datan winuwus | rina tatas kamantyan | wadya Kapugêran swarane gumuruh | wus mêdal punang gêgaman | anèng lêluhur abaris ||

88. swaraning wadya gumêrah | wong amatang tuwin wadya saragni | miwah kang bêkta lêlayu | umbul-umbul asinang | asri tinon pareanom tunggulipun | lêlayu gêni rogabra | waose pêthak jininggring ||

89. kapêdhak ing Kapugêran | Jayadrêma myang Jayawirya ngirid | Pranayuda sisihipun | kalawan Anggantaka | Jiwasuta Banyakpatra Trajayèku | Surajaya Tambakbaya | sami andêl ing ajurit ||

90. Surakarti [Surakar...]

--- 16 : 28 ---

[...ti] Kartimôngsa | Sêtrawôngsa sami siyagèng jurit | miwah ingkang para sunu | sami tumut ing rama | Radèn Suryakusuma apamit sampun | dhatêng pangeran dipatya | milya ing rama don jurit ||

91. pra putra sampun siyaga | jêng pangeran sigra budhal tumuli | wong magêrsari akumpul | myang gêgaman wadana | Ki Dipati Urawan balanya umung | Ki Tumênggung Mangkuyuda | myang Natayuda umiring ||

92. Ki Tumênggung Wiradigda | sampun budhal saking dalêmirèki | wus prapta ing alun-alun | sagung ingkang gêgaman | jêng pangeran ing pangurakan wus rawuh | ingiring ing para putra | lajêng dhatêng pôncaniti ||

93. ngandika dhatêng jro pura | jêng pangeran lan sagung pra dipati | praptèng pura samya ngujung | ri sampuning mangkana | sigra mêdal sigra budhal barisipun | gumuruh swaraning bala | kang dadya cucuking jurit ||

94. Ki Tumênggung Mangkuyuda | myang Tumênggung Natayuda prajurit | Wirawidigda sumambung | myang Dipati Urawan | para putra Kapugêran wurinipun | Rahadyan Suryakusuma | anitih turôngga putih ||

95. kudaran pun Samirana | binusanan rahab baludru abrit | ingkang rayi munggwèng pungkur | Rahadèn Ôntawirya | nitih kuda tapuk ing tal ulêsipun | turôngga ran pun Samôngga | samarga tansah sinirig ||

96. ingkang rayi munggwèng wuntat | Radèn Martataruna nitih wajik | pun Siwagni wastanipun | jangjan biru ulêsnya | Radyan Dipataruna nambungi pungkur | anitihi [ani...]

--- 16 : 29 ---

[...tihi] kuda rêkta | pun Tambang ingkang wêwangi ||

97. sira Radèn Wôngsatruna | munggèng wuri citranira apêkik | nitih kuda ulês gêmpung | wastane kang turôngga | pun Gunawan sêmbada lan warnanipun | arahab sangkêlat jingga | palisir diwôngga kuning ||

98. ingiring dening kang bala | ari kalih sumambung munggèng wuri | Radèn Sôngka Sudamèku | kalih nitih turôngga | Jêng Pangeran Pugêr lumampah nèng pungkur | ginarêbêg wadyabala | wong magêrsari marapit ||

99. samya sikêp waos pêthak | nitih kuda pangeran songsong kuning | wadya pasisir nèng pungkur | gumêdêr awurahan | pan ing Kudus sapangilèn ingkang tumut | ginêlak lampahing wadya | wus nyabrang kali Sêmanggi ||

100. rêrêb sawetan bangawan | pan sadalu enjing budhal kang baris | ing marga datan winuwus | prapta ing Jagaraga | panganjuring yuda wus praptèng Madiun | Ki Tumênggung Mangkuyuda | lawan Sang Natayudari ||

101. sigêgên ingkang lumampah | kawarnaa kang baris Pranaragi | ing warta sampun misuwur | yèn wadyèng Kartasura | pangajênging yuda wus praptèng Madiun | kang dadya manggalaning prang | Pangeran Pugêr prajurit ||

102. wong Pasuruan siyaga | pangajênge kalih nambang kang baris | ngabèi lor lawan kidul | kang baris Pranaraga | sigra budhal sawadyanira angumpul | akambu mring kali Tambang | sampun bêdhol ingkang baris ||

103. sampun awor lan pangarsa | amalatar wadya amasang [ama...]

--- 16 : 30 ---

[...sang] baris | gantya wau kang winuwus | Tumênggung Mangkuyuda | tur uninga ing kangjêng pangeran gupuh | mantri kêkalih dinuta | sigra matur dhatêng gusti ||

104. yèn mêngsah sampun malatar | Sang Dipatya Pugêr budhal tumuli | rawuh ing bumi Madiun | sampun anonjok sêrat | mring ngabèi elor lan ngabèi kidul | ubanggi karya pêpêjah | sampun kêmba ing ajurit ||

105. tan kawarna dènnya yuda | kacarita langkung ramening jurit | wadyalit kathah kang lampus | nèng madyaning ranangga | kang sanjata swarane lir gunung rubuh | ngabèi lor wus malaywa | wong Kartasura angusir ||

106. kala jênênge Sang Nata | Amangkurat yèn Kumpêni nênagih | sang nata akarya pupuh | aprang lan Surapatya | dadya kewran manahe tuwan kumêndur | datan sagêd anyuwuna | sanggupnya sang sri bupati ||

107. ya ta wau kawarnaa | Jêng Pangeran Pugêr nèng Pranaragi | wadyèng Kartasura pênuh | tansah asukan-sukan | datan lami Lêmbu Lêmbôra glis rawuh | prajurit ing Pasêdhahan | atmajanya sri bupati ||

108. jêng pangeran sampun wikan | yèn putrane Surapati kang prapti | punggawa ingatag sampun | myang Dipati Urawan | pra dipati pasisir tan wontên kantun | Rahadyan Suryakusuma | ingkang kinarya têtindhih ||

109. arame dènira yuda | sira Lêmbu Lêmbôra malaywaglis | ing dalu asowan gupuh | dhatêng ing pasanggrahan | tur upêti kang badhe katur sang prabu | miwah mring Kangjêng Pangeran | Pugêr angaturi

--- 16 : 31 ---

bêkti ||

110. kang bêbêktan gya tinampan | sira Lêmbu Lêmbôra atur pamit | ing ratri datan winuwus | enjing kangjêng pangeran | wus utusan atur uninga ing prabu | yèn sampun rame kang yuda | malah akarya pêpati ||

111. kalih atus ingkang pêjah | rencang lawan mêngsah samya wadyalit | mantri kalih kang ingutus | dutaglis praptèng praja | wus tumamèng ngabyantaranira prabu | katur sasolahbawanya | langkung tustha sri bupati ||

112. Rahadyan Arya Sindurja | sampun kinèn utusan wadya mantri | mundhut bantu mring kumêndur | sarta paring uninga | yèn bang wetan mangke kadhatêngan mungsuh | wadyanipun Surapatya | ingkang angrurah nagari ||

113. amundhut bantu Walônda | yèn ing yuda rame kathah pêpati | wong Jawa pan kalih atus | kang palastrèng ngalaga | sêrat dalêm ing Japara sampun rawuh | tuwan kumêndur kampita | wus undhang marang upêsir ||

114. kang para upêsir prapta | Petor Bilman samana sampun prapti | mring lojinira kumêndur | sêrat gya ingurmatan | tinupiksa kang sêrat amundhut bantu | kumêndur sigra utusan | dhatêng loji ing Samawis ||

115. kacarita duk samana | ing Samawis maksih petor jagani | pan dèrèng wontên kumêndur | ingkang jagi Samarang | pan Japara anyar jinagi kumêndur | kala jênênge sang nata | Amangkurat Sri Bupati ||

116. sagung kapitan bicara | punang sêrat binêkta mring Batawi | mangkana ingkang winuwus | sira sang anarendra | pan [pa...]

--- 16 : 32 ---

[...n] ing mangke anandhang gêrah sang prabu | putêk tyasira apatya | pêksi angrubung nambêri ||

97. Ingkang Sinuhun Amangkurat seda dipun gêntosi putra Pangeran Adipati Anom

124. Dhandhanggula

1. kang anglurug sampun dèn timbali | mantri anom sakawan dinuta | datan kawarna lampahe | ing Pranaraga rawuh | lan pangeran sampun apanggih | dhinawuhan timbalan- | nira sang aprabu | pangran ingaturan wikan | lamun gêrah asangêt rakaniraji | sang ari kapitèngkampitèng. tyas ||

2. gupuh dènnya ngundhangi wadyalit | Ki Urawan wus sinungan wikan | tuwin pra dipati kabèh | têngara budhal sampun | pan ginêlak lampahing baris | siyang dalu lumampah | tan kawarnèng ênu | sampun praptèng Kartasura | jêng pangeran lajêng tumamèng jro puri | panggih lan naranata ||

3. anungkêmi ing pada narpati | mangênjalinira ring suku sang | mangusapi ing lêbune | sang natalon amuwus | kayaparan lakuniradhi | kang rayi matur nêmbah | raharja pukulun | sang nata malih ngandika | ingsun adhi kêna lara tanpa kardi | lumpuh tan bisa obah ||

4. kayaparan karsanira ari | apa ingkang ginawe usada | kalangkung dening sangête | sihing Hyang Kang Mahagung | jêng pangeran matur wotsari | tuwan anarimaa | sihing Hyang kang dhawuh | kang raka alon [alo...]

--- 16 : 33 ---

[...n] ngandika | adhi êmas lah sira mantuka aglis | kang rayi matur nêmbah ||

5. Jêng Pangeran Pugêr sigra mijil | saking pura mantuk dalêmira | sinêngkalan duk gêrahe | sira kangjêng sinuhun | wong ningali obahing bumi |Sengkalan: wong ningali obahing bumi (1621 A.J., 1697/1698 . A.D). sawarsa laminira | dènnya gêrah lumpuh | ing mangke sampun waluya | sri narendra nadar kasukan ing warih | miwah angrampog sima ||

6. kacarita sira sri bupati | alêlumban ing sagara yasa | pra garwa umiring kabèh | myang para putra tumut | Dyan Sudira wus kinèn ngambil | bajul kang anèng toya | baya dibya anung | cinandhak ing asta kiwa | sigra ingaturkên ing uwa narpati | suka tyasnya narendra ||

7. miwah sagung kang para bupati | kagawokan miyat ing rahadyan | dene langkung digdayane | atanapi sang prabu | nutug gènnya kasukan warih | kondur sri naranata | tumamèng kadhatun | narendra tulus raharja | pra santana kamantyan suka ing galih | gantya kang winursita ||

8. grahanira pangeran dipati | saking Onje sampun apêputra | jalu apêkik citrane | lan wontên sêliripun | saking wadya Kambêng mêdali | antara tigang côndra | babare kang sunu | lan garwa Ngonje punika | samya jalu putrane pangran dipati | kang sêpuh winastanan ||

9. Radèn Mas Bumi dene kang rayi | winastanan Radèn Mas Panênggak | kang sêpuh katêlah rane | iya Radèn Mas Sêpuh | tan kawastan Radèn Mas Bumi | nuli [nu...]

--- 16 : 34 ---

[...li] malih pêputra | graha Ngonje wau | jalu malih kang atmaja | dadya sami saking garwa Ngonje nênggih | punika winastanan ||

10. Radèn Êmas Alit dadya katri | pinundhut ing eyang sri narendra | pinutra-putra eyange | mring eyang sang aprabu | samya basa rama dyan mantri | mring rama basa kakang | pangran dipatyèku | nuli malih apêputra | sêlir saking Kambêng mêdali pawèstri | tunggil Dènmas Panênggak ||

11. putra èstri Radèn Ajêng Sasi | duk samana apan wus diwasa | cinatur urute bae | putra katiga jalu | sampun sami dipun sunati | dene putra wanodya | sarêng tugêl kuncung | mantri roro rasa tunggal |Sengkalan: mantri roro rasa tunggal (1621 A.J., 1697/1698 A.D.). sangkalane putra tiga dèn supiti | lan tugêl kuncung ika ||

12. wontên ingkang kawarnaa malih | putra èstri saking Kapugêran | kalawan kaponakane | Dyan Ayu Pugêr iku | Ratu Êmas ingkang gadhuhi | kang sawiji ngaranan | Dyan Ayu Kadhatun | Dyan Ayu Impun punika | pan pinacang kalawan pangran dipati | karsanya sri narendra ||

13. ingkang wayah kangjêng sri bupati | Rahadèn Mas Sêpuh wus diwasa | wus sinungan dalêm gêdhe | sakilèn sitiluhur | apan sampun sinung wêwangi | Pangeran Buminata | nênggih namanipun | kang kalih taksih wêwujang | Rahadèn Mas Panênggak dalêmirèki | sakilèn ingkang rama ||

14. Radèn Ayu Kadhaton winarni | pinanggihkên lawan kaponakan- | nira Ratu [Ra...]

--- 16 : 35 ---

[...tu] Kancanane | nênggih jêjulukipun | Dyan Kusumaningrat anènggih | putraning Mangunrana | tinariman wau | Rahadyan Ayu Kadhatyan | dalêmira ginandhok kiduling puri | samana sinêngkalan ||

15. warna bujôngga angrasa wani |Sengkalan: warna bujôngga angrasa wani (1674 A.J., 1748/1749 A.D.). tunggil warsa lan pangran dipatya | pinêksèng rama panggihe | lawan Dyan Ayu Impun | ing karsane sri narapati | pan Radèn Ayu Rara | gantyani krangulu | ing raka Dyan Ayu Lêmbah | dahat marma nata yèn putra tan panggih | lan putri Kapugêran ||

16. sampun amangun rêsmi tilam mrik | Radèn Ayu Impun lan kang raka | Jêng Pangran Dipati Anèm | winawèng ing jinêmrum | tan winarna kang anggung rêsmi | pangeran adipatya | ganti kang winuwus | nênggih wontên putranira | Jêng Pangran Singasari pan ingambil | sunu mring ingkang uwa ||

17. sasedane Pangran Singasari | Pangran Pugêr kang angambil putra | pan kêkalih sadhèrèke | Radèn Santri kang sêpuh | Radèn Punta ingkang taruni | kinarya mantri mudha | dening sang aprabu | Rahadèn Punta samana | kesah saking nagara mring Têgalwangi | dêdagan mring kang eyang ||

18. kapiyarsa dening sri bupati | tuwin Pangran Pugêr wus miyarsa | tinimbalan mring uwane | Radèn Punta tan purun | kêdah anèng daganing swargi | pan katur ing sang nata | Radèn Punta wau | yèn kêdah nêkung nèng dagan | Ki Tumênggung Rêksanagara ing Têgil | kang kinèn nguwisana ||

19. sampun [sampu...]

--- 16 : 36 ---

[...n] budhal Ki Tumênggung Têgil | saha wadya tan kawarnèng marga | sampun praptèng nagarane | Radèn Punta ingapus | asêngadi Tumênggung Têgil | dinukan ing narendra | Radèn Punta sampun | ingaturan mring nagara | apan arsa ingadêgakên narpati | dening Tumênggung Têgal ||

20. Radèn Punta manahira gampil | kêmologên jinunjung narendra | tan wruh yèn ngapus lampahe | Rahadèn Punta gupuh | dennya têdhak dhatêng nagari | sapraptanirèng praja | rinakitan sampun | cinêkêl Rahadèn Punta | pan linawe dening Ki Tumênggung Têgil | pan karsaning narendra ||

21. Radèn Punta sampun angêmasi | anèng têgal katur sri narendra | kalangkung suka ing tyase | dadya kalilipipun | Radèn Punta awèt abrangti | anèng daganing eyang | marma sukèng kalbu | sinêngkalan tunggil warsa | lan panggihe Radèn Sumaningrat nênggih | sedane Radèn Punta ||

22. ya ta ing antara ganti warsi | Radèn Arya Sindurêja gêrah | asangêt lajêng sedane | sang nata langkung ngungun | ing pêjahe radèn apatih | binêkta parimana | gènira kinubur | samana pan sinêngkalan | ing pêjahe buta kalih ngrasa tunggil |Sengkalan: buta kalih ngrasa tunggil (1625 A.J., 1701/1702 A.D.). warnanên sri narendra ||

23. ingkang arsa jinunjung pêpatih | punggawèng jro Kyai Sumabrata | sampun ingèstrèn dadine | dening wadyabalagung | kang gêntosi nayakèng puri | Ki Ônggasuranata | wus jinunjung lungguh | anggêntèni [anggêntè...]

--- 16 : 37 ---

[...ni] Sumabrata | sinung aran Tumênggung Wiragunèki | asisih Wirarêja ||

24. pan minôngka pêpatih jro singgih | patihirèng jawi Sumabrata | Jêng Pangran Dipati Anèm | sinung wêwênang wau | amarentah kang pra dipati | tuwin sagunging wadya | punggawa gung-agung | dadya Rêkya Sumabrata | Wiraguna barang prakarèng nagari | atur wikan pangeran ||

25. pan antara ing sawarsa malih | Ki Dipati Urawan pralina | apan tan ana sutane | ampase pinartêlu | kang saduman Wirarêjèki | saduman Wiraguna | kang sadumanipun | Sarawani Suranata | wus jinunjung lungguhe dening narpati | saha sinungan aran ||

26. Ki Tumênggung Wirasastra nênggih | kang saduman ampas kurawanan | Ki Wirasastra kang duwe | ya ta wau sang prabu | animbali putranirèki | pangeran adipatya | prapta ing kadhatun | manêmbah mangaras pada | sri narendra pangandikanira aris | dhuh nyawa putraningwang ||

27. dèn abêcik gonira akrami | lawan arinira Kapugêran | ingsun iki kaya êmèh | ana karsèng Hyang Agung | pamintèngsun sawuri mami | mring Hyang Kang Maha Mulya | aywa kongsi kuwur | ing panjênêngira nata | lêstaria aywana kang bèncèng pikir | lan kadang warganira ||

28. poma sutèng ulun ki dipati | pamanira ari Kapugêran | myang Adipati Sampange | kulanana satuhu | myang dipati ing Surawèsthi | hèh kaki wruhanira | katri punggawèku | minôngka lajêring kutha | pan prasasat [pra...]

--- 16 : 38 ---

[...sasat] iku srayaning ajurit | dadya kukuh prajanta ||

29. ingsun iki liwat mutawatir | atilar kaprabon marang sira | durung pracaya jatine | marmèngsun mandhêg mangu | sira kaki aywa ngowahi | ing salir tingkah ingwang | poma wêkas ingsun | rêpit prakaraning praja | akèh lire ratu minôngka dutaning | kalipahing Hyang Suksma ||

30. ingkang putra pinardi smu tangis | panarkanya yèn nata mèh lina | kalangkung maras manahe | adrês wijiling êluh | rajaputra anulya mijil | wus praptèng dalêmira | sira sang abagus | ya ta ing alama-lama | ganti warsa asangêt gêrah narpati | tan kêna ingusadan ||

31. nanging kala gêrahing narpati | ingkang tansah rumêksa ing pura | datan lyan amung putrane | atêngga ramanipun | iya amung pangran dipati | tansah munggwing ing dagan | samana sang prabu | angandika mring kang putra | sira pangran dipati winêling-wêling | mangkana andikannya ||

32. hèh kaki dipatyanom sirèki | iya ing sapungkur ingsun benjang | mung sira dèn bisa anggèr | angalap ing tyasipun | pamanira iya si adhi | êmas ing Kapugêran | aywa sira gupuh | wani jumênêng narendra | yèn ta nora ana lilane sayêkti | pamanira yayi mas ||

33. lawan sira amintaa kang sih | mring pamanira ing Kapugêran | sira jaluka rêmbuge | poma sira dèn tuhu | aminta sih pamanirèki | iku wêwêkas ingwang | mring siranak ingsun | poma

--- 16 : 39 ---

sira èstokêna | lamun sira tan ngèstokkên wêkas mami | nora salamêt sira ||

34. ri wusira mêmêling sang aji | anglayadi sangêt gêrahira | mèh tumêkèng antakane | ngajêngkên wapadipun | sampun supe saking ing aksi | ya ta pangran dipatya | samana winuwus | anyandhak dhuwung wasiyat | ingkang munggwing kulon uloning narpati | kang nama Kya Balabar ||

35. kagyat gya wungu sri narapati | miyat ing putra sarwi ngandika | èsmu duka ing jro tyase | hèh mangkono polahmu | iya Sena dene abêcik | aja salamêt sira | saanak putumu | tan antara lajêng wapad | sri narendra paran dipati nungkuli | lênggah kapering ngandhap ||

36. apan sampun karsaning Hyang Luwih | gêrahira tan kêna ngusadan | kacarita duk sedane | dintên Kaliwon Sabtu | nuju sasi Jumadilakir | wayahe sirêp janma | tanggal tiga likur | taun Alip pan ingetang | sangkalane ardi kalih rasa tunggil |Sengkalan: ardi kalih rasa tunggil (1627 A.J. 4 Nopember 1703 A.D.). otêr wong Kartasura ||

37. para garwa gumêdêr kang tangis | jêng pangeran dipati nèng pura | kang wadya kinêrig kabèh | saha sanjatanipun | barisira nèng srimanganti | punggawèng jro sadaya | lumêbèng kadhatun | kang layon wus siniraman | sori nata Ratu Kancana nungkêmi | asambat raka nata ||

38. munggwing dagan pangeran dipati | para wayah angadhêp sadaya | sampun kinapan layone | tangis ambata rubuh | abdi dalêm kaparak sami | cêpuri [cêpu...]

--- 16 : 40 ---

[...ri] ingubêngan | binarisan tugur | ing dalu datan winarna | byar raina sira pangeran dipati | lênggah kori kapisan ||

39. ingkang wadya kadipatèn sami | anèng srimanganti dènnya seba | sarta lawan gêgamane | Patih Soda nèng ngayun | pan asaos karsaning gusti | ing jawi kawarnaa | wadya srang gumuruh | sagunging para punggawa | samya sowan pêpak anèng pôncaniti | samya saos ing karya ||

40. atanapi punggawèng pasisir | tuwin bupati môncanagara | myang pangeran katigane | Ki Sumabrata matur | dhatêng kangjêng pangran dipati | gusti rama paduka | katigayun wêruh | ing layonipun kang raka | rajaputra asugal dènira angling | lah konên lumaksana ||

41. Kyai Sumabrata sigra mijil | pangeran katiga ingaturan | lumêbêt dhatêng purage | sarêng praptèng kadhatun | pangeran tri sarêng nungkêmi | yèn layone kang raka | kalangkung sihipun | Pangeran Arya Mataram | myang Panular anungkêmi pada kalih | Pangeran Kapugêran ||

42. kalanangan ingkang dèn sungkêmi | kacarita pangadêging kalam | kadya duk maksih jênênge | mangsane arsa pupul | lan pawèstri munggwing jinêm mrik | Pangeran Kapugêran | ebat jroning kalbu | paningalira samana | pucuk kalam wontên cahya anêlahi | gêdhene samarica ||

43. dyan cinêcêp punang kalam aglis | saicale wau punang cahya | kalam mari pangadêge | wus karsaning Hyang Agung |

--- 16 : 41 ---

ingkang cahya nurbuat ngalih | dhatêng Kangjêng Pangeran | Pugêr kang linuhung | kang sabar tur ambêk santa | wus pinasthi ing têmbe madêg narpati | mangku rat nusa Jawa ||

44. sira kangjêng pangeran dipati | lamun silih jumênênga nata | dadya wêwêla jênênge | Pangeran Pugêr gupuh | sigra mijil lan ari kalih | wus praptèng panangkilan | punang layon sampun | winêdalakên saksana | kori kidul sinarèkakên Magiri | gumêr tangis jro pura ||

45. kang ngiringakên layon narpati | mantri gêdhong dinuta sadaya | Ratu Kancana andhèrèk | ambêkta reyal sèwu | kas kayanya nata pribadi | dene wêdaling praja | reyal muklis tuhu | saking karingêt narendra | sira Radyan Suryakusuma tinuding | dhèrèk layoning uwa ||

46. tan kawarna wau kang lumaris | kawarnaa pangeran dipatya | nimbali Sumabratage | sampun prapta ing ngayun | jêng pangeran ngandika aris | hèh bapa karsaningwang | ingsun madêg ratu | Ki Sumabrata tur sêmbah | botên mawi utusan dhatêng Batawi | tur wikan nata seda ||

47. lan mracayakkên sampeyan gusti | lamun arsa madêga narendra | jêng pangeran andikane | yèn sun wus madêg ratu | apracaya luwih abêcik | ing mangkya ngong tan arsa | yèn asunga wêruh | lah uwis sira mêtua | lan sakèhe pra niyaka aja mulih | mung arsa kêkampuhan ||

48. Ki Sumabrata tur sêmbah mijil | sawijilira Ki Sumabrata |

--- 16 : 42 ---

Ki Wiraguna nulyage | ingandikan mring ngayun- | nira kangjêng pangran dipati | sapraptanirèng ngarsa | Wiraguna matur | yèn suwawi jêng pangeran | angrasuka wasiyat Kiyai Gundhil | pratôndha madêg nata ||

49. jêng pangeran angandika aris | iya bênêr iku aturira | lah iya ingsun ênggone | sigra wau rinasuk | nanging pangran datan kawawi | dahat datan anongga | ing pangrasukipun | malah kongsi ngambil toya | toya wulu ambal kaping pitu nênggih | maksih datan kawawa ||

50. malah gumêtêr sariranèki | saha karingêt mêdal lir siram | ya ta pangran andikane | mring Ki Wiragunèku | kayaparan karêpirèki | Wiraguna rèhira | Wiraguna matur | kawula anuwun duka | datan sagêd kawula munjuk ing gusti | sumôngga ingkang karsa ||

51. Wiraguna dahat gêlèng ati | sang paksaraja aris ngandika | ora dadi pikir manèh | môngsa wurunga iku | iya dening prakara iki | lah wa sira mêtua | mêpêka wong ingsun | ing jro kabèh undhangana | asiyaga pêpak anèng pôncaniti | pan ingsun miyos agya ||

52. Ki Wiraguna nêmbah wus mijil | rajaputra sampun asiyaga | wong kaparak pêpak kabèh | wus tata ênggènipun | tan kaliru prênahirèki | miwah para santana | tanapi tumênggung | dipati môncanagara | pêpak andhèr miwah punggawèng pasisir | jêjêl nèng panangkilan ||

--- 16 : 43 ---

53. Pangeran Sarip pan sampun prapti | miwah sagung kang para ngulama | ki pangulu myang kêtibe | wong dalêm kinon kumpul | ratu kulon gya angundhangi | sagunging kang ampilan | pan sampun angumpul | rajaputra sigra mêdal | Pangran Pugêr amêthuk anèng sitinggil | wus cundhuk lan kang putra ||

54. munggèng bangsal witana alinggih | pangran dipatya matur ing paman | kawularsa madêg rajèng | idinta amba suwun | ingkang paman umatur aris | anggèr sumanggèng karsa | kawula jumurung | saksana sarêng tumêdhak | saking sitiluhur dhatêng pôncaniti | rajaputra wus lênggah ||

55. Pangran Pugêr jumênêng nèng wuri | angandika asru marang wadya | hèh wong Kartasura kabèh | myang môncanagarèku | atanapi wadyèng pasisir | lah padha èstrènana | mangkya sutèng ulun | sun junjung madêg narendra | anggêntyani marang kakang mas kang swargi | jumênêng Kartasura ||

56. sakathahe kang para dipati | pasisir lawan môncanagara | ramya angèstrèni kabèh | tatar wihang ing kayun | pan jumurung kasraning gusti | dyan sira Sumabrata | dènnya nêntak asru | hèh andika pindho karya | aywa kudu adêgna apan wus dadi | pangeran adipatya ||

57. apan wus madêg nata pribadi | Pangran Pugêr langkung dènnya merang | tanpa muka ing èsthine | sadalêming tyas muwus | adipati ing Surawèsthi | langkung dening bramatya |

--- 16 : 44 ---

asugal ing wuwus | hèh Apatih Sumabrata | ujarira kaya ta dudu pêpatih | pindho rarywangon kita ||

58. adipati ing Sampang nambungi | ngling wus adate nagri Mataram | ulun mirsa wirayate | lamun seda sang prabu | wêka nata gumantya aji | santana kang panuwa | kang anjunjung ratu | Ki Tumênggung Sumabrata | lara tyase marang ing punggawa kalih | anging datan ngandika ||

59. kang umiyat samya marmèng ati | Sumabrata dyan mangsah manêmbah | ing pada sang prabu anèm | gantya para tumênggung | pan sadaya samya ngabêkti | tuwin môncanagara | samya ngaras suku | miwah Adipati Sampang | Surabaya agantya pangeran katri | prasamya sêsalaman ||

60. sigra jêngkar kangjêng sri bupati | ginarêbêg ing para biyada | sri tinon upacarane | wus praptèng jro kadhatun | sakathahe wong dalêm puri | samya mêthuk sadaya | asri yèn dinulu | sang nata lajêng pinarak | prabayasa ratu kulon dèn aturi | lajêng ngujung sang nata ||

61. ya ta ngandika sri narapati | mring parêkan sira dhawuhana | timbalaningsun dèn age | ing Si Sumabratèku | sakathahe para dipati | padha makajangana | yèn wus pitung dalu | sidêkahe kangjêng rama | pra punggawa muliha wismanirèki | kang kinon awotsêkar ||

62. tan kawarna polahirèng nguni | pra wadana samya makajangan | datan mantuk mring wismane | myang Patih [Pa...]

--- 16 : 45 ---

[...tih] Soda sampun | pan jinunjung lungguhirèki | wus kinarya wadana | sinungan jêjuluk | Ki Arya Mandurarêja | madanani priyayi mantri panumping | lawan Ki Pusparaga ||

63. pan jinunjung lêlungguhirèki | ingaran Tumênggung Jayaningrat | sèwu nêmatus lungguhe | langkung sihe sang prabu | pan ingandêl saaturnèki | pan sampun tinariman | dènira sang prabu | putrane Dyan Mangunrana | kang pambajêng tinarimakakên nguni | dhatêng Ki Pusparaga ||

64. ri sampuning mangkana winarni | têtilare sêlir ingkang rama | karsa pinilihan kabèh | dhumatêng sang aprabu | ingkang maksih nom-anom sami | kêdah sami kinarya | sêlire sang prabu | samana Ki Wiraguna | sangêt matur ngaturakên pati urip | mring kangjêng sri narendra ||

65. nuhun duka kawula narpati | pêjah gêsang kawula katura | ing atur kawula anggèr | rèhing karsa sang prabu | arsa nilas sêlir ramaji | kenging botên kenginga | kawula umatur | susunan sampun mangkana | botên pênêd ingkang pinanggih ing wingking | sang nata sru anêntak ||

66. hèh aja sira ambaribini | cêcalathu anèng kono sira | nyênyukêri ati bae | Wiraguna kalangkung | saya gêla manahirèki | wus karaos tyasira | lamun gustinipun | tan tulus kang panjênêngan | dening gusti tan kenging dipun aturi | wau kang kawarnaa ||

--- 16 : 46 ---

98. Pangeran Adipati Pugêr sagarwa putra tampi dêduka sangking Ingkang Sinuhun

67. sang nata sampun akintun tulis | maring Jakarta suka uninga | yèn ingkang rama sedane | kalawan asung wêruh | lamun kangjêng pangran dipati | sampun jumênêng nata | amêngku kaprabun | carakaglis lumaksana | dyan sang nata samana masah ing rabi | kang saking Kapugêran ||

68. kang nama Dyan Ayu Impun nguni | ngantukakên dhatêng Kapugêran | Ki Sumabrata ature | yèn jênênge sang prabu | mung kang paman ngalang-alangi | panarkanya ing nala | Pangran Pugêr wau | mangarah dadya narendra | dyan sang nata andhahar aturing patih | wus karsaning Hyang Suksma ||

69. supe mring wêwêlinge sang aji | nahan sang nata kang kawarnaa | kang anèng Girilayane | Dyan Suryakusumèku | duk samana tan arsa mulih | arsa madêg narendra | anèng ing Matarum | anèng dhusun Ngenta-enta | duk samana sampun ngadêgakên baris | suyud wadyèng Mataram ||

70. myang wong Kêdhu Pagêlèn prasami | anungkul marang sira rahadyan | sampun agêng gêgamane | miwah wong Gunungkidul | samya nungkul dhatêng Matawis | ya ta kang kawarnaa | Ratu Kancanèku | ing siyang dalu tilawat | apan ngêrig sakathahe para mantri | myang kaum pajimatan ||

71. datan arsa mantuk mring nagari | andêdagan dhatêng raka nata | dèn têlasakên donyane | kasaru gègèripun | wadya alit samya angili | sampun miyarsa warta | lamun ing Matarum | ing mangke [mang...]

--- 16 : 47 ---

[...ke] abêbarisan | Radyan Suryakusumyarsa madêg aji | nèng desa Ngenta-enta ||

72. Ratu Kancana nulya ningali | mantuk marang prajêng Kartasura | wus tumamèng kadhatone | umatur mring sang prabu | yèn kang rayi apacak baris | Radyan Suryakusuma | anèng ing Matarum | sang nata kalangkung duka | Ki Apatih Sumabrata dèn timbali | wus tumamèng kadhatyan ||

73. sri narendra angandika aris | Sumabrata paran karsanira | Si Sudira lah ing mangke | ngadêg anèng Matarum | arsa ngêndhih karaton mami | panarkane tyas ingwang | pakone kang sêpuh | yèn aywa dèn ajangana | mring kang gêrang sun watara nora wani | angêndhih jênêng ingwang ||

74. Ki Sumabrata matur wotsari | inggih lêrês pangandika nata | jêng sinuhun sru wuwuse | Sumabrata dèn gupuh | wadyaningsun pêpêkên sami | kabèh padha barisa | anèng alun-alun | paman Pugêr timbalana | mring paseban lawan garwa putranèki | myang lurahe sadaya ||

75. mêngko yèn wus praptèng pôncaniti | kêrise kabèh lah pundhutana | lamun wus ilang kêrise | gya bêthèkana gupuh | sawadyane ajana kari | ki patih awotsêkar | miyos tan asantun | sapraptanirèng pasowan | Jêng Pangeran Pugêr sigra dèn timbali | sampun praptèng pasowan ||

76. dhuwungira pinundhut tumuli | Pangeran Pugêr datan lênggana | sampun asrah curigane | myang putra wadyanipun | pan sadaya samya srah

--- 16 : 48 ---

kêris | mung Radèn Ôntawirya | dèrèng asrah dhuwung | rahadyan langkung bramatya | sotya andik jajabang lir wora-wari | ya ta Ki Sumabrata ||

77. asmu ajrih dènira ningali | pra punggawa pan mire sadaya | Pangeran Pugêr wuwuse | Ôntawirya nak ingsun | age nyawa asraha kêris | sun supatani sira | bônggaa ing ratu | sira Radèn Ôntawirya | langkung ajrih ing rama asêmu tangis | sampun asrah curiga ||

78. duk samana sampun dèn bêthèki | jêng pangeran anèng ing pasowan | lawan sagarwa putrane | miwah lêlurahipun | gangsal wêlas kang dèn bêthèki | tinon kawêlasarsa | kang miyat kapiluh | sagunging para punggawa | miwah mantri sadaya samyasmu tangis | mulat kang pinilara ||

79. sri narendra utusan siraglis | anglurug marang desa Mataram | Mangunrana têtindhihe | myang para punggawagung | ingkang samya darbe Matawis | myang punggawèng Toyamas | Banyakwidhe tumut | nahan lampahirèng wadya | nagri Ngaksigônda winursitèng kawi | kang arsa ngrurah praja ||

80. sampun agêng gêgamanirèki | awatawis wadya kalih lêksa | tigang èwu dêdamêle | abra busananipun | apan sampun miyarsa warti | yèn rama pinilara | marang sang aprabu | Rahadyan Suryakusuma | langkung runtik samya amiyarsa warti | yèn wadyèng Kartasura ||

81. anglurugi dhatêng ing Matawis | Mangunrana kang dadya manggala | rahadyan têngara age |

--- 16 : 49 ---

wadyanira anggrêgut | sampun budhal barisirèki | wus praptèng Parambanan | swarane gumuruh | dening wadyèng Kartasura | anèng Gondhang wau dènira amrêgil | sampun ayun-ayunan ||

82. sampun campuh dènira ajurit | wong Mataram kêkathahên lawan | binendrongan sanjatane | akathah ingkang lampus | Dyan Sudira panggah ing jurit | sampun angamuk nêngah | kang tinrajang gêmpur | nanging ta karoban lawan | kudanira rahadyan malah barindhil | binendrong ing sanjata ||

83. êmbanira kalih sarêng nangis | sarta anyandhak kudanya radyan | amlasarsa ing ature | dhuh gusti dawêg kondur | wadya risak kathah ngêmasi | sintên kang ingabêna | bala sirna luyut | rahadyan angrês miyarsa | tan antara sigra angingêr turanggi | arsa mundur ing rana ||

84. sampun kèngsêr dènira ajurit | pan mangilèn nabrang ing Paraga | ing Babara radyanjoge | wadya sakantunipun | samya ngiring marang ing gusti | Ki Banyakwidhe sigra | utusan wadyèku | atur uninga mring nata | lamun mêngsah ing Mataram sampun laris | wadyanirakèh pêjah ||

85. kawarnaa wau sri bupati | lagya nimbali para punggawa | myang Patih Sumabratane | angandika sang prabu | hèh ta patih paran ing kapti | pan durung enak ing tyas | yèn ta durung lampus | kang dadya kalilip ingwang | Ki Apatih Sumabrata awotsari | lêrês karsa narendra ||

86. nanging sintên purun amêjahi | pukulun dhatêng rama [ra...]

--- 16 : 50 ---

[...ma] paduka | sayêkti ajrih walate | wadya pan sami takut | amêjahi ramanta aji | Kiyai Wiraguna | anambungi wuwus | ki lurah atur kawula | upamane angumbe sajêng saguci | upama dèn inuma ||

87. wong sawiji yêkti bêbayani | yèn wong kathah atawa kewala | sang nata mèsêm wuwuse | bênêr aturirèku | lah ing besuk dina Rêspati | amêpêka punggawa | lêkasana gupuh | Ki Sumabrata tur sêmbah | lagya eca ngandika sri narapati | kasaru duta prapta ||

88. saking pabarisan tur upêksi | yèn nagari Ngaksigônda brastha | rahadyan malajêng ngilèn | wadyalit kathah lampus | langkung tusthanira narpati | arum wijiling sabda | hèh duta sirèku | dèn age sira balia | gustinira warahên konên angungsir | mring Si Suryakusuma ||

89. lamun kêna dèn cêkêla aglis | punang dutatur sêmbah gya mêsat | datan kawarnèng lampahe | ya ta wau sang prabu | sampun ical dukanirèki | samana Sumabrata | ing sawêdalipun | saking pura gya têtêgar | amalipir pabêthekan angubêngi | ing Pangran Pugêr ika ||

90. têtêgar ngitêr bêthèk malipir | sarya asru dènira angucap | mangkana ing pamuwuse | pêcata kaya ingsun | pinutrakna marang narpati | jêng susunan kang seda | sare Têgalarum | tanah Jawa iku uga | pasthi ingsun kêpêl sun dadèkkên ugi | sagodhong kelor ika ||

91. kagyat Pangran Pugêr miyarsangling- | ngira [ngi...]

--- 16 : 51 ---

[...ra] Kya Tumênggung Sumabrata | pangran anjungkêl sirage | sujudira manêkung | amaladi sêmadi êning | manêgês karsaning Sang | Amurwèng Pandulu | ing tingal wus tanpa wrana | tinarima panêkungirèng Hyang Widi | sawunguning sujudnya ||

92. Pangran Pugêr angling mring wadyèki | hèh Wôngsapati sira mentara | mring Pamasaran dèn age | lah têmonana iku | ya Si Umar wong sanak mami | ingsun dèn rewangana | dêdonga Hyang Agung | darapon age luwara | awak ingsun saking pabêthekan iki | lan maninge Si Umar ||

93. katon mring ingsun jroning sêmadi | katon milu kêkadhar maringwang | Si Umar sru pamujine | angrewangi maringsun | ngisor gêdhang gone alinggih | lêlèmèk widhig ika | pamujine asru | ngong rungu pujine dawa | takokêna pêparane pujinèki | lah wis sira mentara ||

94. sigra mêsat sira Wôngsapati | saking ing ngarsane gustinira | kang anèng pabêthekane | lampahira gya rawuh | Pamasaran Ki Wôngsapati | wus panggih lan Ki Umar | Wôngsapati muwus | Ki Umar ulun dinuta | maring Gusti Pangran Pugêr kang asakit | kang anèng pabêthekan ||

95. kita kinèn angrencang-ngrencangi | andêdonga maring ing Hyang Suksma | darapon glisa aluware | sing pabêthekanipun | amanggiha arja basuki | Ki Umar aturira | wus mantuka gupuh | Wôngsapati pakênira | pan Pangeran Pugêr pasthi madêg aji | anèng ing Kartasura ||

--- 16 : 52 ---

96. gya pamit mantuk Ki Wôngsapati | suka ring tyas praptèng Kartasura | wus umatur ing gustine | kawarnaa sang prabu | sampun ical dukanirèki | kang rama ingapura | lan sagarwanipun | samana wus linuwaran | Jêng Pangeran Pugêr nanging kinèn ngalih | sing padalêmanira ||

97. kinèn ngalih mring Jêthak tumuli | pra punggawa sampun sami bubar | mantuk marang ing wismane | Pangeran Pugêr wau | apan tansah sungkawèng galih | atajin dhahar nendra | lan saputranipun | miwah para garwanira | pan sadaya samya sungkawa ing ati | katon duk pinilara ||

98. kala samana sri narapati | ngungêlakên mariyêm wasiyat | pan Ki Pamêcut namane | sinungan mimis wau | ngungêlakên kagyat wong cilik | mimis tiba ing Jêthak | Pangran Pugêr wau | wêwah sangêt jarêming tyas | pan kabubuh dening punggawa kêkalih | ing Sampang Surapringga ||

99. Nagari Kartasura kadhatêngan tênung Walandi

99. datatita lingira ing nguni | kawarnaa nagri Batawiyah | duk kala sêrat dhatênge | saking Kumêndur Sêlut | Hèndrik Yansah ingkang lêloji | nagari ing Japara | asung wikan sampun | yèn narendra Kartasura | mantuk marang ramatullah putranèki | mangkya wus madêg nata ||

100. datan mawi pracayèng Kumpêni | sêdya pisah ingkang pasudaran | tinggal janji duk kramane | para radpêni kumpul | nèng ngarsane gurnadur sami | Jendral Orpèk [Orp...]

--- 16 : 53 ---

[...èk] Usdiman | munggèng kantor agung | dadya kang punang bicara | tuhu cidra putrane rajèng Matawis | kang madêg Kartasura ||

101. dadya amrih dursila ing batin | rêmbag sagung radpêni Indiya | tinênung bae karsane | sampun ngupaya tênung | ingkang rêgi limalas kêthi | titir nagari sabrang | tênung makan ratu | kang tênung wus lumaksana | rupa janma awake saprau konthing | suku gêng pitung cêngkal ||

102. rambut gimbal lamun winitawis | dèn parêmbata wong ro kabotan | pan sampun lêpas lampahe | ing Kartasura rawuh | pan lêlêmbat awor lan angin | anjujug jroning pura | wanci têngah dalu | sirêp nuju wong jro pura | pan pinarêng sang nata ing dalu mijil | nèng latar prabayasa ||

103. punang tênung miyat ing sang aji | nulya têdhak saking madyantara | anjanggêlêg ing ngarsane | sang nata ebat dulu | amêngkarag sariranèki | dharêdhêg dènya tanya | wong apa sirèku | sang nata emut ing driya | pangrasane juru taman ingkang prapti | mari mangkaragira ||

104. angakua sira sun takoni | apa sira ya si juru taman | dene kaliwat gêdhene | punang tênung sumaur | dudu juru taman sun iki | ingsun tênung Walônda | sapa dadi ratu | iya nèng nagara Jawa | baya sira susunan gugup nauri | mangkarag sariranya ||

105. dudu ingsun kang madêg narpati | apan iya pêrnah paman ingwang | ngalora kana ênggone | yèku kang madêg ratu | Kapugêran kadhatonnèki | punang [pu...]

--- 16 : 54 ---

[...nang] tênung gya mêsat | ngalor paranipun | apan nyiluman lampahnya | jêng susunan samana lêga ing galih | marase sampun ilang ||

106. punang tênung samana wus prapti | Kapugêran anjujug ing natar | anuju natar panêpèn | pangran nuju têturuh | apan kagyat duk aningali | ing janma tanpa kaprah | anggraitèng kalbu | narka yèn dudu manungsa | Jêng Pangeran Pugêr matak sêpisèpi. angin | tênung wus pinanggihan ||

107. sira iki setan apa êjim | dene gêdhene kagila-gila | punang tênung lon saure | pan ingsun iki tênung | êndi ingkang dadi narpati | pangeran angandika | takon ratuningsun | iya apa sêdyanira | ing kadhaton ênggone narendra mami | punang tênung sru ngucap ||

108. ingsun mau saka ing jro puri | ana kang wong manggihi maringwang | bagus tur kuning warnane | atutur marang ingsun | yèn ratune ana ing ngriki | apan kaprênah paman | maring kang atutur | pangeran mèsêm ngandika | insaallah iyèngsun kang madêg aji | amêngku nuswa Jawa ||

109. apa sêdyanira praptèng ngriki | punang tênung asru saurira | sêdyaningsun praptèng kene | pan ana kang ingutus | tandhing sêkti lan ratu Jawi | yèn wus ratune kalah | palastra deningsun | pan tumpês jagad sadaya | rewang ingsun kang padha sun kon nêluhi | kabèh wong nusa Jawa ||

110. jêng pangeran mèsêm ngandikaris | alah payo sira têkakêna | lêlêmbut asudi

--- 16 : 55 ---

gawe | sigra pangeran wau | wus anyipta rasaning tunggil | gusti lawan kawula | anunggil sawujud | sigra pinandêng ing tingal | punang tênung ngalumpruk sarira cilik | arupa rare bajang ||

111. pan gumêtêr matanya macicil | kajuwat-kajuwit tanpa ngucap | pangran alon timbalane | wis kalah sira iku | lah lungaa sira dèn aglis | têka ing tanah Jawa | aja gawe rêtu | yèn sira nora lungaa | apa nganti sira dadi wrêjit cacing | dadi gadibal ingwang ||

112. sira lungaa mangalor aglis | gunung Kêndhêng sira marganana | muliha mring sabrang manèh | ja sira ganggu-ganggu | ing dêdalan marang wong cilik | pan kabèh duwèk ingwang | ing tanah Jawèku | kang tênung sigra umêsat | saha tobat gunung Kêndhêng dèn margani | kathah wong kêna rumab ||

113. pangran minggah ing panêpèn malih | kawarnaa wau sri narendra | samana tatas rinane | nimbali patihipun | Sumabrata wus praptèng puri | cundhuk sahatur sêmbah | mangusapi lêbu | ing suku sang naradipa | sri narendra pangandikanira manis | hèh Patih Sumabrata ||

114. utusana amariksa aglis | mring dalême paman Kapugêran | alakua sandi bae | manawa gêrah iku | lan orane karuhna aglis | manêmbah Sumabrata | mêdal sigra ngutus | anukma mring Kapugêran | tan adangu kang ingutus sampun prapti | katur ing sri narendra ||

115. lamun ingkang paman tan asakit | datan owah lawan saban-saban |

--- 16 : 56 ---

sang nata mèsêm jro tyase | ya ta ingkang winuwus | Ki Tumênggung Dêmak ngêmasi | wus katur sri narendra | tri atmajanipun | Mas Malad ingkang atuwa | Ki Mas Amad punika panênggaknèki | kang anom Bagus Katam ||

116. tiga pisan ginêntoskên sami | nagri Dêmak apan pinartiga | ingkang sêpuh wêwangine | iya nama Tumênggung | Suranata ingkang gêntosi | kang anom ingaranan | Padmanagarèku | kang wruju Martanagara | lawan wontên têtilare Radèn Patih | Dyan Arya Sindurêja ||

117. namanira Ki Mas Bagus Gêrit | nênggih arinira Radèn Sukra | sampun jinunjung lungguhe | sinung aran tumênggung | Ki Tumênggung Sindurêjèki | wau putraning nata | nênggih ingkang sêpuh | Pangran Buminata seda | putra kalih panênggak lan Radèn Alit | samya sinungan nama ||

118. Radèn Êmas panênggak sirèki | jêjuluk Pangran Mangkunagara | Radèn Mas Alit namane | Mangkuningrat puniku | apan samya sinung lêlinggih | nigang èwu kang putra | santana sadarum | Rahadèn Ônggadimêja | sinung aran Pangeran Balitar nênggih | kang rayi Martasana ||

119. apan sampun satus dina mangkin | sedanira sinuhun kang swarga | ing jro purarsa mêmule | satuse kang sinuhun | grahanira para bupati | samya malêbèng pura | tan ana kang kantun | pasisir môncanagara | garwanira prasamya malêbèng puri | anyipêng ing jro pura ||

120. wontên garwanira Ki Dipati | Cakraningrat [Cakra...]

--- 16 : 57 ---

[...ningrat] endah warnanira | nênggih garwa ingkang anèm | sang dyah wêwanginipun | Radèn Ayu ing Pakuwati | gandês raga karana | tinon gandrung-gandrung | kauningan mring sang nata | ingapusan marang Jungut ing narpati | nênggih Dyan Ayu Sampang ||

121. praptèng Jungut ngandika sang aji | bibi dèn kaparèng ngarsaningwang | kula tanya sayêktine | dika patutan sampun | inggih lawan paman dipati | sang rêtna matur nêmbah | dèrèng asêsunu | sang nata mèsêm ngandika | kalingane si bibi maksih kênyadi | pantês dhukun utama ||

122. kula bibi sampun tigang latri | sakit ngêlu bibi dèrèng waras | kula bibi ngalang gawe | dika gêcêl dèn gupuh | Radèn Ayu ing Pakuwati | anggraita jroning tyas | mingsêr lungguhipun | dyan manêmbah arsa mêdal | sri narendra nyandhak astanira aglis | pan sarya angrêrêpa ||

123. tan cinatur solahing karêsmin | ambal-ambalan kongsi ping tiga | nanging sang rêtna yêktine | asangêt lumuhipun | watêk èstri anèng jro puri | winisesèng narendra | datan kêna lumuh | ngêrika kadi rasêksa | yèn pawèstri pinarsudi priya ngukih | kaping kalihe nata ||

124. mangkana mila kenging sarêsmi | sang dyah kongsi kagême ping tiga | ing lingsir kilèn wiwite | apan ta malah surup | sang kusuma pan sampun mijil | saking gupit Jungutan | sang dyah lajêng mantuk | wus prapta ing Kasampangan | jêng pangeran lagya ngucêl-ucêl pêksi | kagyat [kagya...]

--- 16 : 58 ---

[...t] kang garwa prapta ||

125. puyuh sampun kinurungan aglis | sira ingaras wau kang garwa | nulya inginggatan age | pangran awas ing ambu | yèn garwane kacidrèng rêsmi | asru dènnya ngandika | babo mirah ingsun | pagene sira culika | sang dyah ayu tumungkul sarya sru nangis | ature pêgat-pêgat ||

126. lamun winisesa ing narpati | iya pira kuwating wanodya | pangran umadêg krodhane | dadya ngandika asru | wis dilalah rêngkaning bumi | jagat kudu ruhara | panjênêngan ratu | mundur kaya ewan-ewan | durung pira wêwulange kang sawargi | ilang tan katabêtan ||

127. wadya dulangmangap dèn dhawuhi | kalih èwu prajurit Madura | kajawi para mantrine | samya prakosèng pupuh | para lurah kang prapta dhingin | karsanira pangeran | ngrabasèng mangamuk | angrurah isining pura | dangu-dangu pangeran ngrasa yèn abdi | lilih ing krodhanira ||

128. Ki Tumênggung Surabaya aglis | ingaturan ing Pangeran Sampang | sigra prapta tan asuwe | sigra Surabayèku | duk samana arsa pinalih | nanging dèrèng kalakwan | dènira sang prabu | Dipati Sampang ngandika | alah kakang Surabaya ing lwir iki | sun arsa malih tingal ||

129. dening corah bawaning narpati | payo kakang marang Kapugêran | seba jêng pangeran age | iku patut kang mêngku | ing rat Jawa alus ing budi | asih kula jatmika | ing dasih satuhu | punggawa kalih lumampah | sampun prapta Kapugêran [Ka...]

--- 16 : 59 ---

[...pugêran] sang dipati | malih wus ingacaran ||

130. pinanggihan ing panêpèn sami | Jêng Pangeran Pugêr sru ngandika | adhi êmas kadingarèn | pinarêk dalu-dalu | baya ana karsane sami | nêmbah Dipati Sampang | matur sarwi muwun | dhuh anggèr lampah kawula | yèn kenginga paduka ngrêbat nagari | sampeyan madêg nata ||

131. kang dadosa manggalaning jurit | inggih kawula lawan pun kakang | ing Surabaya wiyose | angrurah satru mungsuh | lumaksana anglêbur aglis | yèn ta wontên pangaja | paduka pukulun | samangke amba lumampah | ngobrak-abrik angêjur sajroning puri | lan kakang Surabaya ||

132. Pangran Pugêr gumujêng saryangling | adhi êmas iya kang ra-ora | adhi sira ucapake | duraka kang tinêmu | ing wong wani-wani narpati | ratu apan minôngka | waranèng Hyang Agung | manira adhi tan nêdya | angêndhiha karatone sri bupati | sêdya momong kewala ||

133. Adipati Sampang manganjali | inggih lamun sang nata nulusna | rakanta swargi wêlinge | dhatêng sutèng pukulun | tan winênang nyakitkên galih | inggih dhatêng sampeyan | tuwin kawulèku | ing mangke asiya-siya | ing sampeyan punapa malih wak mami | inggih cinalunthangan ||

134. tuwin dhatêng kakang Surawèsthi | inggih Surapringgarsa pinindhah | mila anggèr wus sêdhênge | sampeyan malês ukum | sapa ingkang wiwit ngalani | pasthi winalês ala | mirangakên iku | pasthine winalês [winalê...]

--- 16 : 60 ---

[...s] wirang | pan paduka gusti botên amiwiti | angantukkên kewala ||

135. pangran langkung putêk jroning galih | ginubêl dening Dipati Sampang | ing Surabaya wus dene | kêdah ngadêgkên ratu | dadya giwang pangran ing galih | alon dènnya ngandika | kundura karuhun | ing besuk dhimas balia | sun pikire iya ing sawêngi mangkin | sigra Dipati Sampang ||

136. lawan Adipati Surawèsthi | sarêng nêmbah lèngsèr saking ngarsa | wus mêdal saking pintune | gantya ingkang winuwus | nênggih pan nagari Samawis | Rôngga Yudanagara | susah manahipun | dosa marang sri narendra | lan malihe wontên têtiyang Samawis | aran Ki Pusparaga ||

137. asuwita marang sri bupati | sakalangkung dènnya kinasihan | sampun jinunjung linggihe | Jayaningrat Tumênggung | aprasêtya lawan narpati | nagari ing Samarang | punika dèn suwun | kapirsa saking Samarang | dadya Rôngga Yudanagara prihatin | lagya hêm lan pra kadang ||

138. sampun dados dènnya gunêm kawis | Dyan Ki Rôngga anglampahkên duta | mring nagri Kartasurage | binêktan surat sampun | Tanpanaha Mantri Samawis | punika kang dinuta | andêlirèng kewuh | lan sawunggaling satunggal | tan winarna ing marga duta kêkalih | wus praptèng Kartasura ||

139. Kapugêran wau kang kinapti | Tanpanaha jujug Sastrajaya | pan sampun dèn larapake | duta kalih cumundhuk | ing pangeran sahatur tulis | kintaki wus binuka | pan [pa...]

--- 16 : 61 ---

[...n] sinukmèng kalbu | têmbunge punang nawala | atur sêmbah pun Rôngga Yudanagari | katura jêng pangeran ||

140. kang pinudya-pudya ing wadyasih | sadu dibya ambêk santa budya | paramarta ing dasihe | dènnyambêk kamipurun | angaturi prakarèng gusti | yèn karsa jêng paduka | gumingsira gupuh | saking nagri Kartasura | tumêdhaka maring nagari Samawis | gusti madêga nata ||

141. gusti abdi dalêm pun Kumpêni | angajêng-ajêng dhatêng paduka | pun Kênol sakit galihe | miwah Kumêndur Sêlut | Hèndrik Yansah sakit kang galih | têrus nagrèng Jakarta | inggih pun gurnadur | prasami sakit ing driya | Jendral Orpèk Usdiman êsak ing galih | dènnya tan pinarcayan ||

142. pan wus titi panuksmèng kintaki | duta kalih dinangu namanya | dutatur sêmbah kalihe | pun Tanpanaha ulun | akalihan pun sawunggaling | kalih samya ginanjar | reyale mêmitu | lan sinjang mori nyakêbar | lan pangeran kirim lorodan kulambi | marang sira Ki Rôngga ||

143. duta sampun ingangsulan tulis | mêsat saking ngarsane pangeran | pangran emut ing driyane | duta ingandhêg sampun | apan kinèn ngêntosi sami | marang Dipati Sampang | lan Surabayèku | ya ta ing ratri kocapa | Sang Dipati Sampang Surabaya prapti | wus panggih lan pangeran ||

144. tinuduhkên sang dipati kalih | sêrat saking nagari Samarang | tinupiksa ing têmbunge | pan tunggil [tunggi...]

--- 16 : 62 ---

[...l] kajêngipun | dènnya samya ngadêgkên aji | suka Dipati Sampang | myang Surabayèku | angraos kanthine ana | Tanpanaha Sawunggaling dèn timbali | marang Dipati Sampang ||

145. duta karo saparanirèki | lawan wong apa lêlungguhira | punang dutatur sêmbahe | ulun kabayanipun | dening dasih Rôngga Samawis | pun Sawunggaling aran | pun Tanpanahèku | kinarya pêpatihira | kang ngingêrkên abdinta wadyèng Samawis | angling Dipati Sampang ||

146. aturêna iki layang mami | marang sutaningsun kae Rôngga | duta pinangadêg kabèh | lawan reyal nyapuluh | myang dipati ing Surawèsthi | tumut mangadêg samya | lan reyal nyapuluh | punang duta wus umêsat | Tanpanaha kalawan pun Sawunggaling | ing ênu tan winarna ||

147. ya ta wau kang lagya hêm kawis | atur sêmbah Adipati Sampang | lamun makatên dadose | ing ngarsa jêng pukulun | pundi ingkang kinarya wiwit | pangran alon ngandika | dhimas karsaningsun | sun palungguh anèng Dêmak | wong Kumpêni tulung bêcik ora bêcik | sok ingsun pracayaa ||

148. matur Adipati Surawèsthi | inggih lêrês ing karsa paduka | jagat ingingêran malèh | Pangeran Sampang matur | yèn makatên amba rumiyin | mantuk dhatêng Madura | siyaga wadyagung | pun kakang ing Surabaya | ngantunana sampun ngantos ngatawisi | wus dadya rêmbagira ||

149. para lurah Kapugêran sami | kang linilan ngadhêp [nga...]

--- 16 : 63 ---

[...dhêp] dènnya rêmbag | silèng ngandhap ing gustine | sadaya sukèng kalbu | sigra mundur dipati kalih | saking ngarsa pangeran | lampahira rawuh | dalême ing Kasampangan | enjingane pangeran akarsa pamit | mring Patih Sumabrata ||

150. lumampah wau sang adipati | marang dalême Ki Sumabrata | ingiring dening balane | tan adangu wus rawuh | ing dalême rêkyana patih | kagyat Ki Sumabrata | sigra dènnya mêthuk | tundhuk munggèng paregolan | ingacaran pangran astane kinanthi | marang rêkyana patya ||

151. sasampunira tata alinggih | angandika Dipati Madura | ingsun iki adhi patèh | pamitna ing sang prabu | manirarsa tilik nagari | alama tan uninga | dungkap kalih taun | ingsun arsa angujunga | mring astana ki apatih anauri | inggih suwawi sowan ||

152. ya ta sarêng budhal lan apatih | tan adangu prapta ing paseban | jujug srimanganti bae | sampun awêling atur | wau sira rêkyana patih | katur marang narendra | ingandikan sampun | ki apatih lan pangeran | sampun prapta ngarsanira prisri. bupati | sri narendra kasmaran ||

125. Asmaradana

1. sang nata ngandika aris | paman dèn kaparèng ngarsa | kang kinèn atur sêmbahe | naradipati ngandika | baya ta wontên karya | dene paman arsa mantuk | dhatêng ing Sampang nagara ||

2. Pangeran Sampang turnyaris | pukulun [pukulu...]

--- 16 : 64 ---

[...n] tan wontên karya | alami patikbra mangke | datan ngujung mring astana | sang nata angandika | inggih paman dika mantuk | nanging ta sampun alama ||

3. sri narendra tan andugi | lamun Pangeran Madura | amalih tingal karsane | sigra pinaring busana | atanapi ardana | Pangeran Sampang wotsantun | sampun mêdal saking pura ||

4. wus budhal sawadyanèki | miwah para garwanira | pan samya binêkta kabèh | samarga tansah prayitna | wadyabalèng Madura | uningèng yèn gustinipun | undure angêmu duka ||

5. dataddatan. kawarna ing margi | wus praptèng nagaranira | kang gêdhong binêdhah age | santana myang wadyabala | wus ginanjar sadaya | busana kang adiluhung | gambira tyasirèng wadya ||

6. pan sampun karya kapilih | pitung èwu kathahira | murub muncar busanane | ingaran wong dulangmangap | samya gagah prakosa | datan wontên karyanipun | sadina-dina bêbêksa ||

7. nêngêna datan winarni | sira Pangeran Madura | ya ta kawarnaa malèh | Mas Rôngga Yudanagara | dutanira wus prapta | pan kaprenah ipenipun | aran Dêmang Tanpanaha ||

8. lawan sira Sawunggaling | praptane amawi sêrat | saking Pangran Pugêr mangke | kang sêrat gya tinupiksa | nênggih sampun kadhadha | kang nawala ungêlipun | Mas Rôngga suka ing nala ||

9. lan Pangeran Madurèki | kintun sêrat mring Samarang | miwah ki dipati mangke | Surabaya sampun [sampu...]

--- 16 : 65 ---

[...n] rêmbag | sami amalih tingal | Mas Rôngga narka ing kalbu | bêdhah nagri Kartasura ||

10. tangkêbing pintu wus balik | miwah lajêre ing praja | sapa dèn adu ing têmbe | sang nata ing Kartasura | kari gêtak kewala | sigêgên ingkang winuwus | sira Mas Rôngga Samarang ||

100. Pangeran Adipati Pugêr lolos dhatêng nagari Samarang

11. Pangran Pugêr kang winarni | kalangkung dening sungkawa | tansah tajin dhahar sare | anênêdha ing Hyang Suksma | mangkya antuk sasmita- | nira Hyang Kang Maha Luhur | linilan jumênêng nata ||

12. kabubuh miyarsa warti | yèn Radèn Suryakusuma | sampun cinêkêl ing mangke | anèng dhusun ing Losêkar | sampun binaronjongan | Ki Banyakwidhe kang ngapus | kang wadya sami binônda ||

13. Pangeran Pugêr siraglis | animbali para putra | miwah wadyanira kabèh | Sêtrajaya Banyakpatra | Jiwasuta Jadarma | sami sumiwi ing ngayun | Pangeran Pugêr ngandika ||

14. hèh sakèhe wadya mami | wong Kapugêran sadaya | lurah myang kasinomane | sapa kang asih maringwang | padha sira dandana | ingkang tan trêsna maringsun | padha rêbuta Koripan ||

15. kang wadya matur wotsari | tan wontên arsa kantuna | suka parêng antakane | lawan gusti pinangeran | sigra-sigra adandan | sirêp janma wancinipun |

--- 16 : 66 ---

busêkan wong Kapugêran ||

16. pangeran wus pangkat aglis | ing dina malêm Salasa | sirêp janma ing wayahe | pan ing sasi Dulkangidah | tanggal ping kalihira | taun Alip duk ingetung | naga kalih ngoyak jagat ||Sengkalan: naga kalih ngoyak jagat (1628 A.J., 16 Februari 1705 A.D.).

17. lolos mring nagri matawis | nênggih miyos bêbutulan | samarga yatna lampahe | ya ta ingkang kawarnaa | wontên wong Kapugêran | tan milu ing gustinipun | aran Ki Wôngsamênggala ||

18. lumajêng mring wismèng patih | Sumabratatur uninga | yèn pangeran lolos mangke | kampita tyase apatya | sigra umanjing pura | sapraptanirèng kadhatun | wus panggih lan naranata ||

19. umatur rêkyana patih | kawula atur uninga | rama paduka ing mangke | Jêng Pangeran Pugêr kesah | lolos saputranira | kang abdi tan wontên kantun | jalu èstri tumut kesah ||

20. kampita tyasing narpati | sang nata kalangkung duka | anyandhak Ki Bicak age | gya têdhak mring sitibêntar | Kyai Bicak tinêmbang | swaranya munya angungkung | kadya mungêl ing awiyat ||

21. samana ingkang winarni | sira Radèn Dêmang Malang | lagya anayub arame | têngah wêngi wancinira | kasaru ing timbalan | myang mirsa Ki Bicak ngungkung | agupuh gya samya bubar ||

22. bubar nayub lajêng sami | abusana ing ayuda | wus samêkta gya lampahe | wus prapta ing ngarsa nata | munggwing ing sitibêntar | angandika sang aprabu | hèh Dêmang Malang [Ma...]

--- 16 : 67 ---

[...lang] dèn agya ||

23. sira lumakua dhingin | kalawan sakancanira | susulên paman dèn age | cêkêlên lamun kacandhak | yèn bôngga uwisana | Dyan Dêmang Malang wotsantun | samya sawêngi lampahnya ||

24. myang gègèr para bupati | myarsa swaranya Ki Bicak | pra punggawa sowan age | jêjêl anèng sitibêntar | asaos karsèng nata | angandika sang aprabu | hèh Dipati Surabaya ||

25. lah sira mentara aglis | punggawa môncanagara | iku tindhihana kabèh | lan wong pasisir sadaya | age susulên paman | Pugêr poma dèn kasusul | lamun kacandhak nèng marga ||

26. sira cêkêlên dèn aglis | yèn bôngga sira wisana | kang kinon wus mentar age | sagunging para punggawa | lampahe sigra-sigra | kang dadya cucuking laku | Adipati Surabaya ||

27. wau kang nusul kariyin | sira Radèn Dêmang Malang | lan kancane rêmbag kabèh | nuli pangeran kacandhak | rubêd ing lampahira | pating bacècèr dalanggung | kang para sêliring putra ||

28. miwah ingkang para nyai | ting kacècèr kantun wuntat | gya samya sinung kapale | mring sira Dyan Dêmang Malang | amrih enggal lampahnya | darapon aywa kasusul | pangeran mèh nabrang Tuntang ||

29. dening lampah pra dipati | pasisir môncanagara | tan kêni nglojok lampahe | wong Surabaya malatar | lumampah anèng ngarsa | Pangeran Pugêr kasusul | lampahe untap-untapan ||

--- 16 : 68 ---

30. Adipati Surawèsthi | jatine anunggal karsa | lan Pangeran Pugêr mangke | marmane datan kacandhak | wus lajêng lampahira | datan kawarna ing ênu | sampun nabrang lèpèn Tuntang ||

31. nahan kang lagya lumaris | samarga arêreyongan | ya ta kawarnaa mangke | sira Mas Rôngga Samarang | pan sampun aputusan | amêthuk ing lampahipun | lampahe kangjêng pangeran ||

32. arine ingkang tinuding | ran Ngabèi Martayuda | lumaksana ing lampahe | mawi sikêp miwah kapal | ingkang minôngka tundhan | lampahe sampun kapêthuk | anèng dhusun ing Karamas ||

33. Ki Martayuda ngabêkti | nêmbah marang ing suku sang | mangusapi ing lêbune | Pangeran Pugêr ngandika | sira kinongkon apa | Ki Martayuda umatur | lampah kawula dinuta ||

34. sampeyan dipun aturi | tumanduk dhatêng Samarang | saabdi paduka anggèr | pun Rôngga ngaturi tundhan | kapal saha têtiyang | sikêp kang badhe pêpikul | Pangeran Puger ngandika ||

35. lah iya tarima mami | sira wadyèng Kapugêran | kang repot wus nundhan kabèh | sampun lajêng lampahira | datan kawarnèng marga | pangran lampahira rawuh | pan nagari ing Samarang ||

36. anuju ing malêm Kêmis | praptane nagri Samarang | tunggil warsa lan kesahe | mêksih sasi Dulkangidah | tanggal kaping sakawan | sirêp rare wancinipun | anuju ing môngsa kapat ||

37. sira [si...]

--- 16 : 69 ---

[...ra] Mas Rôngga Samawis | mêthuk dhatêng Paterongan | sarta asung wikan age | mring Walônda ingkang jaga | anadene wastanya | Alpèrès Baluwis iku | lawan Alpèrès Baromas ||

38. Mas Rôngga wus cundhuk aglis | kalawan kangjêng pangeran | nèng dhusun Paterongane | Mas Rôngga Yudanagara | nungkêmi ngaras pada | pangran ingaturan laju | gya lajêng praptèng Samarang ||

39. amasanggrahan tumuli | anèng dalême Mas Rôngga | sampun sinêgahan age | ing latri datan kawarna | sampun tatas rahina | Mas Rôngga sampun lumêbu | mring loji suka uninga ||

40. sapraptanira ing loji | wus panggih lawan Walônda | Mas Rôngga alon wuwuse | Alpèrès ingsun sung wikan | yèn mangke jêng pangeran | masanggrahan wismaningsun | alah apa karêpira ||

41. apa sira amanggihi | mring gusti sang pinangeran | Alpèrès alon dêlinge | ingsun tan wani panggiha | ywan durung sung uninga | marang ing tuwan kumêndur | êsah kang jagèng Japara ||

42. anging ta wêwêkas mami | pangeran nèng wismanira | dèn karêksa sadhahare | mêngko ingsun aputusan | marang loji Japara | sung wikan marang kumêndur | lah uwis sira muliha ||

43. Mas Rôngga pan sampun mulih | Alpèrès sampun putusan | miyos baita dutane | tan winarna lampahira | surat praptèng Japara | katur mring tuwan kumêndur | manahira langkung suka ||

--- 16 : 70 ---

44. pan antara tigang latri | dhatênge punang utusan | kumêndur nulya pêjahe | Kapitan Kênol wus mangkat | alayar mring Samarang | Petor Jumlut datan kantun | glis praptèng nagri Samarang ||

45. Kumpêni arêmbug sami | ngaturi kangjêng pangeran | sigra ingaturan age | Pangran Pugêr gya tumêdhak | dhatêng loji Samarang | Rôngga Yudanagarèku | datan têbih lan pangeran ||

46. wus praptèng ngarsaning loji | Kapitan Kênol umapag | lawan Petor Jumêlute | miwah Alpèrès Baromas | pangeran ingaturan | malêbêt ing loji sampun | saksana sarêng alênggah ||

47. anulya dipun urmati | sanjata agêng ping sapta | kang sênapan tan buh kèhe | wus sirêp punang sanjata | Kapitan Kênol sigra | angrêrêpa aturipun | Petor Jumêlut lingira ||

48. katuran pambage gusti | inggih ing sarawuh tuwan | ing nagri Samarang anggèr | Pangeran Pugêr lingira | iya petor tarima | Kapitan Kênol umatur | langkung suka ing wardaya ||

49. sagung abdinta Kumpêni | sarawuh tuwan Samarang | anging tur kawula anggèr | bilih ta adarbe karsa | kawula jarwanana | pangeran datan amuwus | angawe dhatêng Mas Rôngga ||

50. wau kang dinuk ing liring | sampun wikan ing sasmita | marêpêki Kênol age | Mas Rôngga Yudanagara | alon ing wuwusira | hèh kapitan atur ingsun | jêng pangeran dèrèng karsa ||

--- 16 : 71 ---

51. yèn ngandikaa samangkin | dèrèng rêrêm kang sarira | dening sakèh prakarane | kapanggiha ing manira | ya ta Kangjêng Pangeran | Dipati Pugêr wus kondur | dhatêng pasanggrahanira ||

52. Kapitan Kênol tan kari | ngatêrakên mring pangeran | lawan Petor Jumêlute | sampun prapta wismanira | Rôngga Yudanagara | Kapitan Kênol amuwus | hèh Ki Rôngga wêkas ingwang ||

53. sira dèn angati-ati | rumêksa marang pangeran | ywa kongsi alang dhahare | miwah yèn ana Walônda | kang wani asikara | mring pangeran dasihipun | dèn aglis sira cêkêla ||

54. atêrêna maring loji | ri sampunira mangkana | kapitan wus mulih age | ya ta ingkang kawarnaa | Rôngga Yudanagara | apirêmbagan ing dalu | kalawan kangjêng pangeran ||

55. Mas Rôngga aturiraris | gusti yèn suwawi karsa | lêhêng utusana anggèr | dhatêng nagri Batawiyah | saha mawia sêrat | paduka mintaa tulung | dhatêng pun gurnadur jendral ||

56. sira Pangeran Dipati | Pugêr alon angandika | hèh Ki Besan kala mangke | ingong wirang anglahirna | ujar ingkang punika | yèn tan ana tandhanipun | inggih ing awak manira ||

57. nadyan utusana mami | yèn wus têka kang ubaya | ari Dipati Sampange | lan Dipati Surabaya | myang pasisir sadaya | ingkang bang wetan yèn kumpul | binêkta marang Samarang ||

58. Mas Rôngga matur wotsari | alêrês karsa [kar...]

--- 16 : 72 ---

[...sa] paduka | lamun makatêna anggèr | kawula gusti utusan | dhatêng nagari Sampang | miwah mring Surabayèku | ngenggalakên lampahira ||

59. Pangeran Pugêr lingnyaris | lah môngsa bodhoa sira | ingsun apracaya mangke | anging ari Cakraningrat | wus mantuk mring Madura | mung kari Si Jangranèku | maksih anèng Kartasura ||

60. Mas Rôngga umatur aris | anggèr ing atur kawula | lamun paduka ing têmbe | tulus jumênêng narendra | lan panuwun kawula | bumi urut margi sèwu | dadosa lênggah kawula ||

61. lan panuwun amba malih | yèn èstu pitulunging Hyang | paduka umadêg katong | inggih ta sampun atelad | kadi raka paduka | Sunan Mangkurat pukulun | kang garwa tumut parentah ||

62. pangeran angandikaris | Ki Besan sakarsanira | aywa sumêlang ing tyase | Mas Rôngga Yudanagara | langkung dening mangrêpa | saksana anulya mêtu | amatah ing wadyanira ||

63. dinuta mring Surawèsthi | miwah ta dhatêng Madura | sampun binêkta surate | caraka dyan lumaksana | ya ta kang kawarnaa | wontên duta lagya rawuh | saking nagri Batawiyah ||

64. anênggih kapal kêkalih | dutane gurnadur jendral | wus prapta ing Samarange | sampun panggih lan Pangeran | Pugêr dyan ingaturan | marang Batawiyah iku | ature gurnadur jendral ||

65. anging pangeran dipati | asangadi kalimana | yèn inggih mentara [mentar...]

--- 16 : 73 ---

[...a] age | mring nagari ing Jakarta | têmah wong tanah Jawa | kêdhik kang ngandêl maringsun | miwah kang para punggawa ||

66. yêkti anarka ing ati | yèn ingsun kêna pilara | dèn arani panggawene | anak prabu Kartasura | marma inggih tan arsa | Mas Rôngga alon umatur | alêrês karsa paduka ||

67. ya ta Pangeran Dipati | Pugêr alon angandika | hèh Ki Besan karsaningong | para sun dol mring Walônda | mentara mring Jakarta | dadia sêsilih ingsun | anaguhana bicara ||

68. Mas Rôngga atur wotsari | kawula nuwun sandika | sampun mênggah ing sakite | nadyan dhatênga antaka | tan gumingsir ing karsa | nanging kawula darbyatur | benjang sapungkur kawula ||

69. yèn sampeyan dèn aturi | gusti dhatêng pun kapitan | pinarêk dhatêng lojine | sampun paduka lumampah | tanapi pun Kapitan | Kênol lamun darbe atur | bicantên kang kathah-kathah ||

70. sampun paduka lawani | sêmadosa ing kawula | sampeyan ngandika têmbe | dhumatêng punang Walônda | sakathahing bicara | apan ingsun ora wêruh | môngsa bodhoa Si Rôngga ||

71. jêng pangeran ngandikaris | alah ta Ki Besan iya | aywa sumêlang ing tyase | muga benjang kalakona | sawêkas pakênira | Mas Rôngga alon umatur | lan malih sawingking kula ||

72. pun Dipati Surawèsthi | tuwin Adipati Sampang | padukamrih ngadêgake | nuntên damêla pratôndha | yèn [yè...]

--- 16 : 74 ---

[...n] balela ing nata | drapon katingala suyud | pra punggawa mring paduka ||

73. lamun kawula watawis | yèn pun Adipati Sampang | angadêgakên surate | lan Dipati Surabaya | wong pasisir bang wetan | sayêkti benjing kalulun | ajrih mring Dipati Sampang ||

74. miwah wong môncanagari | bang wetan tan wontên nôngga | ananggulang ing yudane | pangadêg ing Surapringga | de wong sami prakosa | lan sami atêguh timbul | santanane pun Jangrana ||

75. mila makatên tur mami | dados ènthèng kang bicara | lan pun gurnadur ing têmbe | yèn kula prapta Jakarta | jêng pangeran ngandika | Ki Besan wataraningsun | ari Dipati Madura ||

76. kaya boya ngapirani | ing saungkur pakênira | wong bang wetan pangadêge | yèn sarta karsaning Suksma | kang asih ing manira | myang Dipati Surèngkewuh | ngong watara boya cidra ||

77. Mas Rôngga matur wotsari | punika bêkti kawula | katura paduka anggèr | gusti awarni kancana | awawrat pitung katya | lawan reyal kalih èwu | karya têtumbas busana ||

78. kaprabon jumênêng aji | anèng nagri ing Samarang | jêng pangeran lon wuwuse | Ki Besan pawèwèhira | iya ingsun tarima | nanging ta karyanên sangu | ingsun kang paring mring sira ||

79. têlungane awak mami | ya kang nora lunga-lunga | lah pirabara ing têmbe | ana pitulunging Suksma | sak pungkur pakênira | Ki

--- 16 : 75 ---

Rôngga saha wotsantun | sigra anumpak baita ||

80. sira Mas Rôngga Samawis | asangu reyal salêksa | langkung kalih èwu kèhe | budhale saking Samarang | nuju wulan Muharam | anênggih tanggal ping pitu | dintên Rêbo duk ingetang ||

81. sigra alayar tumuli | asah ing lawan Walônda | tuwan jendral utusane | nèng marga satêngah côndra | wus prapta ing Jakarta | duk ararywan wolung dalu | Mas Rôngga mangkat bicara ||

82. dhatêng Kuthaintên aglis | tuwan jendral sampun wikan | yèn Mas Rôngga sêsilihe | pangran kang anèng Samarang | anulya pinanggihan | Jendral Pèk wus dimèn gupuh | pra radpêni pinanggilan ||

83. kang radpêni sampun prapti | kalih wêlas munggwing ngarsa | samya bagèkakên kabèh | mring Rôngga Yudanagara | sampunira mangkana | Mas Rôngga anulya laju | ngaturakên kang nawala ||

84. kang sêrat wus dèn tampani | mring tuwan gurnadur jendral | sampun tinupiksa age | sarta wau kaurmatan | bêdhil agêng ping sanga | Mas Rôngga sampun tinundhung | mantuk dhatêng pamondhokan ||

85. kacarita pitung sasi | Mas Rôngga anèng Jakarta | langkung ruwêd bicarane | dènira ngadoni pancas | para rad pan India | pradongdi bicaranipun | mila lami nèng Jakarta ||

86. kang dadya èwêding ati | rad pan India sadaya | dening Pangeran Pugêre | kasub ywan prawirèng rana | purun dhatêng Walônda | duk Kapitan Êtak [Ê...]

--- 16 : 76 ---

[...tak] lampus | pangeran kang amarjaya ||

87. tumut marang Surapati | ya ta enjang kawarnaa | Mas Rôngga pinanggil age | dhumatêng rad pan India | sampun prapta ing ngarsa | para radpêni amuwus | hèh Rôngga Yudanagara ||

88. sira awaking Kumpêni | lah mêngko sun todhi sira | awaraha sabênêre | aja sisihên driyanta | karana tuwan jendral | tan arsa agawe ratu | mring Pangran Pugêr Dipatya ||

89. yèn sira bisa ngulari | têdhake rajèng Mataram | kang bôngga marang ratune | iku sira pilutaa | karana tuwan jendral | asêdya pasrah ing kayun | gènipun apasudaran ||

90. jendral wus sakit tyasnèki | mring Susunan Mangkurat Mas | anging golèka liyane | kang patut jumênêng nata | Pangeran Adipatya | Pugêr iku nora arju | wus wani maring Walônda ||

91. sira Mas Rôngga Samawis | alon dènira wacana | hèh tuwanku sadayane | langkung asalah ing karsa | tuwan jendral punika | inggih duk wêktu rumuhun | sintên kang jumênêng nata ||

92. kang misesa ing rad Jawi | datan lyan Sunan Mangkurat | kang rayi anut karsane | sawabe tiyang ngawula | yêkti anut rèh nata | lawan malih atur ingsun | sanadyan kathaha tuwan ||

93. têdhake rajèng Matawis | sayêkti môngsa samia | lan Kangjêng Pangran Pugêre | kinatakutan ing wadya | lawan boya bêbakal | lamun jumênênga ratu |

--- 16 : 77 ---

ing nguni wus madêg nata ||

94. anèng nagari Matawis | lan ingidèn marang rama | wong Mataram suyud kabèh | sadhatênge ingkang raka | akanthi lan Walônda | ngadhaton Kartasurèku | marma pangran asrah praja ||

95. mangke kang raka ngêmasi | kayêkti tan pindho karya | wadyabala suyud kabèh | tuwan watawis manira | nadyan tan dèn angkata | dhatêng Kumpêni puniku | yèn pangran adarbe karsa ||

96. satêmah madêg pribadi | narendra nèng tanah Jawa | nadyan dèn karyaa mangke | sagara ijo kang praja | sintên purun malanga | pan Jawa kagunganipun | lan wadya suyud sadaya ||

97. miwah kang para bupati | samôngsa dèn timbalana | mring pangeran prapta kabèh | punika atur manira | nadyan madêga nata | pangeran ambêke alus | andhahar ing atur kula ||

98. tuwan kawula puniki | angrasa awak Walônda | pan undhake daging ingong | saêrêb saking andika | apa ngong walêsêna | mila kawula kalangkung | ngeman karusakan dika ||

99. lawan untunging Kumpêni | sangêt pangeman manira | lawan kawula ing mangke | tan arsa mantuk Samarang | lamun jendral tan arsa | ing mangke akarya ratu | mring Pangeran Pugêr ika ||

100. ingsun awismèng Batawi | suka têmaha pralaya | tan bisa mulat ngong têmbe | risake nagari Jawa | myang pasisir sadaya | datan wande ara-uru | wadyalit kathah pralaya ||

101. lawan ing watawis mami | pasisire

--- 16 : 78 ---

bumi Jawa | tan kêni ngambah dening wong | sabrang kang sami adagang | ya ta rad pan India | datan ana kang sumaur | myarsa wuwuse Mas Rôngga ||

102. awêkasan bubar sami | samya matur dhatêng jendral | gurnadur sangêt dukane | sigra ginêdhong Mas Rôngga | pêndhak minggu laminya | nulya linuwaran wau | tinodhi malih aturnya ||

103. nanging Mas Rôngga Samawis | datan owah saurira | datan kaetang patine | saking kawratan sihira | Jêng Pangeran Dipatya | Pugêr kang ciniptèng kalbu | mila tan ajrih pralaya ||

104. anulya ginêdhong malih | Mas Rôngga Yudanagara | pitung dina ing lamine | ya ta wau linuwaran | pinanggil dhatêng jendral | sapraptanira ing ngayun | para radpêni angucap ||

105. hèh Mas Rôngga ing Samawis | mangkya ingsun tari sira | Kumpêni apa untunge | lamun anjunjunga nata | mring Pangeran Dipatya | Pugêr Mas Rôngga sumaur | lan tuwan atur kawula ||

106. punapa Si Untungnèki | kajawi kadya ing kina | kala kang raka jênênge | lulusa kang prajangjiyan | nagari ing Pasundhan | miwah ing Carêbon iku | tanapi ing Pamêkasan ||

107. kang dadyèng melik Kumpêni | lawan adarbe kawasa | pasisir tanah Jawine | wong sabrang tan kêna ngambah | yèn tan aminta lila | marang ing tuwan gurnadur | tan kêni wong sabrang dagang ||

108. puniku kêdah punapi | sayêkti sampun akathah | tuwan gurnadur untunge | lagya eca abicara |

--- 16 : 79 ---

kasaru duta prapta | saking ing Samarang wau | Kapitan Kênol tur surat ||

109. lan Petor Jumêlut nênggih | sami asuka uninga | dhatêng tuwan jendral mangke | myang dhatêng para bicara | yèn nagri Kartasura | mangke sangêt gonjingipun | lawan pasisir bang wetan ||

110. sami ngadêgakên baris | anglawan ing Kartasura | pra punggawa suyud kabèh | mring pangeran adipatya | myang kang dadi panutan | Adipati Surèngkewuh | lawan Adipati Sampang ||

111. kang taksih milwèng Narpati | Amangkurat nagrèng Dêmak | Kêndhal lan Kaliwungune | myang nagari Pakalongan | anging wong Kartasura | kathah kang sami anusul | dhatêng nagri ing Samarang ||

112. anging sira Adipati | Sampang lan ing Surapringga | maksih wontên nagarine | anjagani Pasêdhahan | anarka Surapatya | arsa nalabung ing pupuh | milane sami jinaga ||

113. Pangeran Madura mangkin | wus utusan mring Samarang | angaturi prajurite | kang baurêksèng pangeran | watawis wong sanambang | lan Dipati Surèngkewuh | mangkya sampun aputusan ||

Lajêng nyandhak jilid: 17.

--- 16 : [0] ---

Isinipun:

... Kaca:

96. Adipati Wiranagara ing Pasuruhan nêlukakên nagari Panaraga. (Pangkur). ... 21

97. Ingkang Sinuhun Mangkurat seda, dipun gêntosi putra Pangeran Adipati Anom. (Dhandhanggula). ... 32

98. Pangeran Adipati Pugêr sagarwa putra tampi dêduka saking Ingkang Sinuhun. (Dhandhanggula). ... 46

99. Nagari Kartasura kadhatêngan tênung Walandi. (Dhandhanggula, Asmaradana). ... 52

100. Pangeran Adipati Pugêr lolos dhatêng nagari Samarang. (Asmaradana). ... 65