Sastra Jawa

Program Digitalisasi Sastra Daerah

  • Increase font size
  • Default font size
  • Decrease font size

Babad Tanah Jawi, Balai Pustaka, 1939-41, #1024 (Jilid 17)

Katalog:Babad Tanah Jawi, Balai Pustaka, 1939-41, #1024
Sambung:
1.Babad Tanah Jawi, Balai Pustaka, 1939-41, #1024 (Jilid 01). Kisah, Cerita dan Kronikal | Babad Tanah Jawi #1010.
2.Babad Tanah Jawi, Balai Pustaka, 1939-41, #1024 (Jilid 02). Kisah, Cerita dan Kronikal | Babad Tanah Jawi #1011.
3.Babad Tanah Jawi, Balai Pustaka, 1939-41, #1024 (Jilid 03). Kisah, Cerita dan Kronikal | Babad Tanah Jawi #1012.
4.Babad Tanah Jawi, Balai Pustaka, 1939-41, #1024 (Jilid 04). Kisah, Cerita dan Kronikal | Babad Tanah Jawi #1013.
5.Babad Tanah Jawi, Balai Pustaka, 1939-41, #1024 (Jilid 05). Kisah, Cerita dan Kronikal | Babad Tanah Jawi #1014.
6.Babad Tanah Jawi, Balai Pustaka, 1939-41, #1024 (Jilid 06). Kisah, Cerita dan Kronikal | Babad Tanah Jawi #1015.
7.Babad Tanah Jawi, Balai Pustaka, 1939-41, #1024 (Jilid 07). Kisah, Cerita dan Kronikal | Babad Tanah Jawi #1016.
8.Babad Tanah Jawi, Balai Pustaka, 1939-41, #1024 (Jilid 08). Kisah, Cerita dan Kronikal | Babad Tanah Jawi #1017.
9.Babad Tanah Jawi, Balai Pustaka, 1939-41, #1024 (Jilid 09). Kisah, Cerita dan Kronikal | Babad Tanah Jawi #1018.
10.Babad Tanah Jawi, Balai Pustaka, 1939-41, #1024 (Jilid 10). Kisah, Cerita dan Kronikal | Babad Tanah Jawi #1019.
11.Babad Tanah Jawi, Balai Pustaka, 1939-41, #1024 (Jilid 11). Kisah, Cerita dan Kronikal | Babad Tanah Jawi #1020.
12.Babad Tanah Jawi, Balai Pustaka, 1939-41, #1024 (Jilid 12). Kisah, Cerita dan Kronikal | Babad Tanah Jawi #1021.
13.Babad Tanah Jawi, Balai Pustaka, 1939-41, #1024 (Jilid 13). Kisah, Cerita dan Kronikal | Babad Tanah Jawi #1022.
14.Babad Tanah Jawi, Balai Pustaka, 1939-41, #1024 (Jilid 14). Kisah, Cerita dan Kronikal | Babad Tanah Jawi #1023.
15.Babad Tanah Jawi, Balai Pustaka, 1939-41, #1024 (Jilid 15). Kisah, Cerita dan Kronikal | Babad Tanah Jawi #1024.
16.Babad Tanah Jawi, Balai Pustaka, 1939-41, #1024 (Jilid 16). Kisah, Cerita dan Kronikal | Babad Tanah Jawi #1025.
17.Babad Tanah Jawi, Balai Pustaka, 1939-41, #1024 (Jilid 17). Kisah, Cerita dan Kronikal | Babad Tanah Jawi #1026.
18.Babad Tanah Jawi, Balai Pustaka, 1939-41, #1024 (Jilid 18). Kisah, Cerita dan Kronikal | Babad Tanah Jawi #1027.
19.Babad Tanah Jawi, Balai Pustaka, 1939-41, #1024 (Jilid 19). Kisah, Cerita dan Kronikal | Babad Tanah Jawi #1028.
20.Babad Tanah Jawi, Balai Pustaka, 1939-41, #1024 (Jilid 20). Kisah, Cerita dan Kronikal | Babad Tanah Jawi #1029.
21.Babad Tanah Jawi, Balai Pustaka, 1939-41, #1024 (Jilid 21). Kisah, Cerita dan Kronikal | Babad Tanah Jawi #1030.
22.Babad Tanah Jawi, Balai Pustaka, 1939-41, #1024 (Jilid 22). Kisah, Cerita dan Kronikal | Babad Tanah Jawi #1031.
23.Babad Tanah Jawi, Balai Pustaka, 1939-41, #1024 (Jilid 23). Kisah, Cerita dan Kronikal | Babad Tanah Jawi #1032.
24.Babad Tanah Jawi, Balai Pustaka, 1939-41, #1024 (Jilid 24). Kisah, Cerita dan Kronikal | Babad Tanah Jawi #1033.
25.Babad Tanah Jawi, Balai Pustaka, 1939-41, #1024 (Jilid 25). Kisah, Cerita dan Kronikal | Babad Tanah Jawi #1034.
26.Babad Tanah Jawi, Balai Pustaka, 1939-41, #1024 (Jilid 26). Kisah, Cerita dan Kronikal | Babad Tanah Jawi #1035.
27.Babad Tanah Jawi, Balai Pustaka, 1939-41, #1024 (Jilid 27). Kisah, Cerita dan Kronikal | Babad Tanah Jawi #1036.
28.Babad Tanah Jawi, Balai Pustaka, 1939-41, #1024 (Jilid 28). Kisah, Cerita dan Kronikal | Babad Tanah Jawi #1037.
29.Babad Tanah Jawi, Balai Pustaka, 1939-41, #1024 (Jilid 29). Kisah, Cerita dan Kronikal | Babad Tanah Jawi #1038.
30.Babad Tanah Jawi, Balai Pustaka, 1939-41, #1024 (Jilid 30). Kisah, Cerita dan Kronikal | Babad Tanah Jawi #1039.
31.Babad Tanah Jawi, Balai Pustaka, 1939-41, #1024 (Jilid 31). Kisah, Cerita dan Kronikal | Babad Tanah Jawi #1040.

Regi f 0.50

Babad Tanah Jawi

Jilid: 17

Bale Pustaka - Batawi Sèntrêm

--- 17 : [1] ---

Serie No. 1289p

Babad Tanah Jawi

Jilid: 17

Pangeran Adipati Pugêr jumênêng nata wontên ing Samarang, ajêjuluk Sinuhun Pakubuwana

Bale Pustaka - Batawi Sèntrêm - 1940

--- 17 : [2] ---

Wêwênangipun ingkang ngarang kaayoman miturut anggêr ingkang kapacak ing Sêtatsêblad 1912 No. 600

--- 17 : [3] ---

Pangeran Adipati Pugêr lolos dhatêng nagari Samarang

114. inggih ngaturi prajurit | pan sami wong bosên gêsang | watawis sèwu kathahe | kalawan Kangjêng Pangeran | Pugêr pan ingaturan | tumulya madêga ratu | anèng nagari Samarang ||

115. nanging pangran datan apti | maksih ngantos kang putusan | kang marang mring Batawine | Mas Rôngga Yudanagara | kang kinarya manggala | bicara lawan gurnadur | marma taksih ingantosan ||

116. ri sampuning maos tulis | tuwan jendral pirêmbagan | lan para bicara kabèh | pan sampun rêmbag sadaya | antawis tigang dina | Mas Rôngga ingundang sampun | malêbêt ing kantor bêsar ||

117. sapraptane dèn urmati | pira-pira kang sanjata | lir gêlap sasra swarane | Mas Rôngga pan pinaraban | ingaran anak jendral | myang sinung parentah sampun | kinèn mantuk mring Samarang ||

118. lan tuwan jendral ngaturi | rêruba mring jêng pangeran | pira-pira ing kathahe | pangangge kang adi mulya | pèni-pèni sadaya | lawan angaturi bantu | para prajurit ing sabrang ||

119. wong Makasar lawan Bugis | Ambon tanapi Sêmbawa | wus dèn pasrahake age | mring Rôngga Yudanagara | antara kawan dina | dyan ingangkatakên sampun | budhal mring nagri Samarang ||

--- 17 : 4 ---

120. ing sasi Jumadilakir | Mas Rôngga Yudanagara | saking Batawi angkate | anuju tanggal sapisan | iya ing dina Ngahad | pan binêktan angsul-angsul | sêrat marang tuwan jendral ||

121. Pangran Pugêr dèn aturi | ing sira gurnadur jendral | umadêga ratu age | anèng nagari Samarang | miwah rad pan India | sadaya sampun jumurung | pangran umadêge raja ||

122. sigêgên datan winarni | kang lagya anèng lautan | warnanên Kartasurane | Kangjêng Sinuhun Mangkurat | apan sampun utusan | amundhut bêburonipun | dhatêng nagri ing Samarang ||

123. Ôntagopa kang tinuding | sampun binêktanan sêrat | lumaksana ing lampahe | datan kawarna ing marga | praptèng loji Samarang | anjujug ing loji sampun | panggih lan tuwan kapitan ||

124. Ôntagopa atur tulis | wus tinampan mring kapitan | kang sêrat tinupiksage | bêbukane punang surat | nênggih kangjêng susunan | amundhut bêburonipun | kang anèng nagri Samarang ||

125. Pangeran Pugêr Dipati | pinundhut kangjêng susunan | Kapitan Kênol dêlinge | hèh duta sira matura | mring kangjêng susuhunan | apan ingsun ora wêruh | jêng pangeran nèng Samarang ||

126. Kumpêni nora ngaturi | apan karsane priyôngga | miwah wong pasisir kabèh | praptane anèng Samarang | ingsun ora angundang | milane sami anungkul | saking karsane pangeran ||

127. sapa kang

--- 17 : 5 ---

wani ngalangi | nagara ing tanah Jawa | ujar iku padha duwe | sanadyan dipun lêbura | ingsun praduli apa | lamun ratunira purun | pangeran dipun cêkêla ||

128. hèh duta muliha aglis | ingsun tan ngangsuli sêrat | Ôntagopa mêsat age | datan kawarna ing marga | prapta ing Kartasura | wus katur marang sang prabu | sawiraosing Walônda ||

129. sang nata kalangkung runtik | Rahadyan Suryakusuma | arsa pinêjahan age | kasaru ingkang aldaka | Marapi asru munya | pinirsa lwir arsa guntur | orêg wadyèng Kartasura ||

130. sabên arsa dèn patèni | Rahadyan Suryakusuma | kang ardi asru ungêle | urube akatar-katarakantar-kantar. | kangjêng sri naranata | dadya sandea ing kalbu | nanging karsanya sang nata ||

131. amung pêpatihirèki | Rahadyan Suryakusuma | kang kinarsakkên patine | kang aran sira Ki Jomblang | radyan sumanggèng karsa | Ki Jomblang tinuwêk sampun | rahadyan gya dèn apura ||

132. sarta jinunjung alinggih | sinungan dhusun sanambang | pangran ngabèi namane | adalêm salèring pasar | ri sampuning mangkana | wadya ing Kartasurèku | sampun sami ingundhangan ||

133. adandanana ing jurit | badhe nglurug ing Samarang | enjing sampun budhal age | Ki Arya Mandurarêja | ingkang wadya manggala | pan ambêkta sikêp sèwu | lan Kiyai Wirawôngsa ||

134. sapanêkare tan kari | lawan Kyai Wirasaskra | katri punggawa lampahe |

--- 17 : 6 ---

anjog ing nagari Dêmak | dene Ki Mangkuyuda | lan ari Natayudèku | lampahira sampun budhal ||

135. Kaliwungu dèn anciki | mring sira Pangeran Blitar | kang minôngka têtindhihe | anglurug marang Têtêgal | Pangeran Surabaya | lan Arya Banyakwidhèku | ingiring mring wong Toyamas ||

101. Pangeran Adipati Pugêr jumênêng nata wontên ing Samarang, ajêjuluk Sinuhun Pakubuwana

136. nahan kang lagya lumaris | Pangran Pugêr kang winarna | pan sampun kathah balane | wong pasisir samya prapta | sumiwi mring Samarang | ing Pathi lawan ing Kudus | maksih sami maro tingal ||

137. nanging sami angaturi | acungan dhatêng Samarang | dening nagri Pathi mangke | Ki Wija pan sampun pêjah | kalih atmajanira | ran Tirtanata kang sêpuh | Rôngga Lêlana ranira ||

138. wus rêmbag lan kadangnèki | Ki Tumênggung Tirtanata | sowan mring Samarang mangke | sira Ki Rôngga Lêlana | sowan mring Kartasura | miwah nagari ing Kudus | pêpatihe kang dinuta ||

139. aseba marang Samawis | awasta Ki Patrajaya | ingkang kawarnaa mangke | sira Pangeran Madura | lan Dipati Jangrana | budhal mring Samarang gupuh | datan kawarna ing marga ||

140. praptèng nagari Samawis | gumêrah swaraning bala | tanpa wilangan kathahe | busanane warna-warna | wus mêntas mring dharatan | amarêngi praptanipun |

--- 17 : 7 ---

lan Rôngga Yudanagara ||

141. pan sarêng paguting liring | sami tustha manahira | Mas Rôngga ngabêkti age | tan kawarna polahira | katri ingkang punggawa | sowan mring pangeran gupuh | malêbêt ing pasanggrahan ||

142. wus katur mring Sang Dipati | Pugêr nulya tinimbalan | katri prapta ing ngarsage | samya nêmbah ing suku sang | angusapi pratala | katiga sami rinangkul | maring pangeran dipatya ||

143. Dipati Sampang turnyaris | nah anggèr paran ing karsa | abdinta pasisir mangke | bang wetan suyud sadaya | tan wontên kang malanga | Jêng Pangeran Pugêr muwus | yayi manira tarima ||

144. sira Mas Rôngga Samawis | majêng saos tur pranata | ngaturakên surat age | kang saking gurnadur jendral | sêrat wus tinupiksa | pangran kampita ing kalbu | myarsa ungêling nawala ||

145. Dipati Pugêr lingnyaris | Ki Besan ingsun tan nyana | dene alami kesahe | antawis tan antuk karya | Mas Rôngga aturira | mila alami tan rawuh | langkung ruwêd ing bicara ||

146. kawula wontên Batawi | gusti ginêdhong ping tiga | tigang minggu ing lamine | sangu kawula salêksa | apan têlas sadaya | kawula karya pasungsung | dhumatêng rad pan India ||

147. parandene ingkang abdi | supados manggiha arja | wus tinutur sapolahe | ing purwa têkèng wasana | miwah ingkang rêruba | tuwan jendral sampun katur | tanapi bantu ing yuda ||

148. tiyang Makasar myang Bugis | pan sami [sa...]

--- 17 : 8 ---

[...mi] katur sadaya | jêng pangeran lon wuwuse | yayi êmas ing Madura | lah paran kaptinira | sun arsa umadêg ratu | anèng nagri ing Samarang ||

149. myang si gurnadur ngaturi | ingsun kinèn madêg nata | Pangran Madura ature | dhuh anggèr ngantos punapa | suwawi jumênênga | abdinta sadaya rêmbug | tan wontên malang ing karsa ||

150. Mas Rôngga matur wotsari | anênggih ing dintên Soma | jumênênga nata anggèr | wus rêmbag sagung punggawa | ya ta kang kawarnaa | Panêmbahan Ngadilangu | wus rawuh nagrèng Samarang ||

151. sira Panêmbahan Wijil | pan arsa angèstrènana | Pangeran Pugêr jênênge | wakilnya Pangeran Rôngga | kèrêm anèng samodra | Pangeran Rôngga puniku | maksih milwèng Kartasura ||

152. ing dina Soma winarni | pêpak kang para punggawa | myang Pangeran Madurane | Adipati Surapringga | miwah sira Mas Rôngga | Yudanagara pan sampun | akarya taratag rambat ||

153. pêpak kang para Kumpêni | sigra miyos jêng pangeran | alênggah ing dhêdhampare | ya ta Pangeran Madura | jumênêng munggwing ngarsa | asuwarèng ing wadyagung | hèh wong pasisir sadaya ||

154. sagunging para dipati | padha sira èstokêna | jêng pangeran madêg katong | apan karsane priyôngga | sarta panjunjung ingwang | tanapi tuwan gurnadur | ngèstrèni jênênging nata ||

155. dene bisikaning aji | Sinuhun Pakubuwana | Senapati Ngalagane | Ngabdurahman Sayidina | Panata ing Agama | yaiku [ya...]

--- 17 : 9 ---

[...iku] wasiyatipun | Kangjêng Sultan ing Mataram ||

156. sagung kang para bupati | sami asaur kukila | Panêmbahan Wijil age | jumênêng anèng ing ngarsa | maos donga karatyan | Kapitan Kênol agupuh | angatag kêstabêlira ||

157. mariyêm glis dèn sumêdi | swaranya lir arga bêntar | awor lan tambur swarane | kang sênapan sarêng munya | kadya gêlap kasapta | miwah wadya Madurèku | gamêlanira tinêmbang ||

158. wadya ing Sampang prasami | ambêkta tamèng lan pêdhang | miwah wong Surabayane | ramya samya bêksa watang | carabali tinêmbang | myang wadya pasisir sampun | samya anabuh tabêhan ||

159. sagung kang para bupati | lulus dènira kasukan | miwah wadyèng Madurane | tanapi wong Surapringga | ingkang rumêksèng nata | pating jalimprak dinulu | watawis wong kalih nambang ||

160. kang rumêksa ing narpati | angubêngi keri kanan | kang sakêpêl bêbrêngose | solahe kadi raksasa | galak amôngsa janma | angajrihi yèn dinulu | sarya kinanthi tinêmbang ||

126. Kinanthi

1. sang nata ngandika arum | hèh sagung para bupati | padha sira piyarsakna | ing mangkya ari dipati | ing Madura iku iya | ing mêngko sun jêjuluki ||

2. dene ta jêjulukipun | padha sinêbuta ugi | Panêmbahan Cakraningrat | ing Madura lawan malih | sarta iku nguyunana | sakèhe wadyèng pasisir ||

3. lan maning Ki Besan iku | Yudanagara

--- 17 : 10 ---

sun êlih | jumênênga Adipatya | Sura Adimanggalaning | lan ingsun paringi desa | wong sanambang urut margi ||

4. padha estokêna iku | ing namane Adipati | Sura Adiamanggala | ing Samarang kang nagari | lan Tumênggung Surabaya | iku sun wèhi kêkasih ||

5. jênênga dipati iku | Jangrana ing Surawèsthi | tulusa ngaliwonana | ing wadyaningsun pasisir | lan Si Tumênggung Japara | lawan karsaningsun malih ||

6. duwea nagarèng Kudus | lawan sun wèhi kêkasih | Si Arya Jayasantika | ing Kudus ingkang nagari | kalawan Si Sêtrajaya | mangkya sun karya pêpatih ||

7. jumênênga Si Tumênggung | Cakrajaya kang wêwangi | sisiha Si Banyakpatra | padha sun karya pêpatih | lan ingsun paringi aran | Tumênggung Kartanagari ||

8. lan Si Jiwasuta iku | ing mêngko sun junjung linggih | iya sun karya wadana | ing jro sun paringi kasih | Si Tumênggung Citrasoma | iku namane ing mangkin ||

9. ingsun karya sisihipun | ing Agantaka sun kardi | sisiha Si Citrasoma | padha sun junjung kang linggih | sarta sun lihakên aran | Tumênggung Wirancanèki ||

10. lawan Si Kartajayèku | dadia wadanèng jawi | ajênênga Kandhuruan | Wilatikta namanèki | mantri sèwu tindhihana | dene kang sun karya sisih ||

11. ya Si Kartawôngsa iku | sarta sun wèhi kêkasih | Tumênggung Jayasudirja | numbakanyar dèn tindhihi | apan iku kang minôngka |

--- 17 : 11 ---

sèwu sisihanirèki ||

12. sagung punggawa gung-gung | tan ana suwalèng kapti | samyasru pangèstunira | saandikaning narpati | sang nata malih ngandika | bocah ngong Si Subah mangkin ||

13. sun paringi namanipun | Wirasantika Ngabèi | wong gandhèk dèn lurahana | Si Bayu ingsun arani | Si Rôngga Wirasantika | lan anglurahana mangkin ||

14. wong anggandhèk kanan iku | Si Kartanala sun êlih | ya Si Rôngga Wanèngjiwa | iku arane ing mangkin | Si Sutakarti sun karya | ing Cêngkalsèwu nagari ||

15. lan sun wèhi aran iku | Ngabèi Kartajayèki | Si Bawa sun wèhi aran | Sêcaranu Angabèi | dadia mantri kaparak | Si Sodar ingsun arani ||

16. Ngabèi Kartawiryèku | Si Koplo ingsun arani | Angabèi Kartayuda | mantri jro gone alinggih | lah pirabara ing benjang | samana wus awaradin ||

17. abdinira sang aprabu | ingkang sami tumut sakit | akêdhik kang durung minggah | abdi ingkang agêng alit | kapêdhak myang panakawan | regol gamêl pan wararadin ||Lebih satu suku kata: ... waradin.

18. prasami jinunjung lungguh | sapêpantêsira sami | sawung-sawunging kawula | kang pantês kinarya mantri | ana kang dadya punggawa | Tumênggung Rôngga Ngabèi ||

19. gya samya ngabêkti gupuh | kumrubut suku narpati | gantya ingkang para putra | sadaya jinunjung linggih | samya ingalihkên aran | Dyan Wôngsataruna [Wông...]

--- 17 : 12 ---

[...sataruna] nênggih ||

20. ing wau kêkasihipun | nênggih Pangeran Dipati | Anom Amangkunagara | Radèn Martatarunèki | Pangeran ing Upasanta | Radyan Ôntawirya nênggih ||

21. Pangeran Prangwadanèku | Radèn Dipatarunèki | ran Pangran Dipanagara | Radèn Soka ingkang nami | Jêng Pangeran Purabaya | dening Dyan Sudama nênggih ||

22. Pangran Balitar ranipun | sagung para putra sami | ngabêkti ing rama nata | pra punggawa ing pasisir | cingak sadaya tumingal | kasaru wau kang prapti ||

23. wadyèng Sampang Surèngkewuh | ingkang mêdal dharat sami | lajêng asewakèng nata | pra kadang ing Surawèsthi | gupuh amatur ing nata | lamun nagari Garêsik ||

24. lan nagri Lamongan iku | ing sawingking kula sami | arsa nalabung ing yuda | pun Sumabrata Apatih | ing nguni kang kintun surat | mring Tumênggung Lamonganing ||

25. lagya pacak barisipun | nuntên kawula dhatêngi | ing Lamongan kula bêdhah | lawan nagari Garêsik | mangke sampun kabêsmenan | wadyalit kathah kang mati ||

26. bupatine pan lumayu | kacandhaka angêmasi | langkung panase kang manah | dipati ing Surawèsthi | sigra matur ing sang nata | lamun nagari Garêsik ||

27. lawan Lamongan puniku | ing mangke dipun bêsmèni | dene malècèng wacana | dene ingkang ngrurah nênggih | abdi paduka sang nata | inggih kadang ulun sami ||

28. kaprênah anèm pukulun |

--- 17 : 13 ---

kadang kawula lan mami | kang ambêdhah ing Lamongan | têlas saaturirèki | wiwitan praptèng wêkasan | sang nata ngandika aris ||

29. Dipati Surabayèku | kadangira kang kêkalih | ing mêngko sun pundhut samya | padha sun paring kêkasih | dene ta ingkang atuwa | ing mangke ingsun arani ||

30. Arya Jayapuspitèku | wong sèwu ingkang lêlinggih | gêmpalna ing Surabaya | arinira kang taruni | mangkya sun karya bupatya | nagara Lamongan nênggih ||

31. iku kinarya alungguh | lan asiliha wêwangi | siha Panji Surèngrana | sêmbada dhasar apêkik | sang nata malih ngandika | ari ing Sampang Dipati ||

32. putranira ingkang sêpuh | mangkya sun wèhi kêkasih | jêjêngajênênga. Suradiningrat | tumênggung nama sirèki | Panêmbahan Cakraningrat | kalangkung suka ing galih ||

33. miwah Sang Adipatyèku | Surapringga sukèng galih | ya ta Dipati Samarang | matur dhatêng sri bupati | patikbra ulun tur wikan | abdi paduka ngêmasi ||

34. pun Martayuda pukulun | sang nata ngungun tan sipi | karasèng tyasing narendra | kala amêthuk ing margi | sang nata aris ngandika | Ki Besan arinirèki ||

35. apa ta aduwe sunu | sang tinanyan matur aris | inggih adarbe satunggal | Sumaningrat wastanèki | nging maksih anèm punika | sang nata ngandika aris ||

36. ing mêngko iku sun pundhut | besan pulunanirèki | gêntènana [gêntè...]

--- 17 : 14 ---

[...nana] kang sudarma | arana Martayudèki | lan maninge ingsun karya | carik kalane nèng ngriki ||

37. dene durung duwe ingsun | carik prayoga kang tulis | Dipati Samarang turnya | sumôngga karsa sang aji | nanging bodhone kalintang | konjuk kakang pati urip ||

38. tutug wau sang aprabu | luwaran dènnya tinangkil | sampun kondur masanggrahan | sinêngkalan jênêngnèki | lawang kêkalih karêngya | ing janma ganti winarni ||Sengkalan: lawang kêkalih karêngya ing janma (1629 A.J., 1705/1706 A.D.).

39. dêdamêl Kartasurèku | nèng Dêmak sampun alami | kang awasta Wirawôngsa | Arya Mandurarêjèki | katiga Ki Wirasastra | myang kang baris Lèpèntangi ||

40. Ki Mangkuyuda Tumênggung | lan Natayuda prajurit | kang dadya tindhihing lampah | Pangeran Balitar nênggih | kang baris anèng Têtêgal | wontên kidul Têgalwangi ||

41. Banyakwidhe kang tinuduh | lan Pangeran Surabanggi | kang abaris ing têngahan | kang sami mêpêti margi | Ki Tumênggung Jayaningrat | kinasihan ing narpati ||

42. prasamya parênga lampus | lawan kangjêng sri bupati | apan sampun binêktanan | dunya saking ing jro puri | rongpratigan kang binêkta | kinèn karya anggêgajih ||

43. sagung kang prajurit agung | wong Ambon Makasar Bugis | Cina atanapi Jawa | ing Wungaran dènnya baris | sampun abêbiting samya | lawan malih wong Matawis ||

44. dènnya baris Pudhakpayung | wus katur ing sri bupati | yèn ingkang abdi sadaya |

--- 17 : 15 ---

wus ayun-ayunan jurit | ya ta Ki Wiranagara | ing Têtêgal pamit aglis ||

45. lan Ki Rêksanagarèku | wus linilan de sang aji | saksana bubar tumulya | mungsuh kang arsa ginitik | kang anèng nagri Têtêgal | sampun binêktan Walandi ||

46. kumpêni têtindhihipun | Lutnan Jaisman namèki | Panêmbahan ing Madura | wus amatah kang prajurit | kinèn ngêlara jajahan | kang dhatêng Dêmak nagari ||

47. Jangpati lawan Jangkewuh | sèwu wong Sampang dèn irid | kang môngka têtindhihira | Dyan Suradiningrat nênggih | lan kang rama radèn dêmang | lan wadya ing Surawèsthi ||

48. Panji Lamongan pangayun | ingkang minôngka pangirid | sèwu sikêping ayuda | samya prajurit ti-ati | sami mêdal ing dharatan | kang mêdal laut Kumpêni ||

49. senapatining prang pupuh | Kapitan Kênol prajurit | pan Kumpêni sabragada | kang binêkta ing ajurit | kang tinuduh anggitika | kang baris ing Tugu nênggih ||

50. wong Madura dhomam sèwu | kalawan wong Surawèsthi | sèwu sikêping ayuda | Arya Jayapuspitèki | ingkang angirid ing lampah | putra ing Madura nênggih ||

51. Dyan Sastradiningrat iku | lan Radèn Rôngga namèki | Kumpêni Kapitan Gusman | saradhadhu rong Kumpêni | warnanên nagri Têtêgal | pan sampun campuh kang jurit ||

52. dene gènira amêthuk | sakiduling Têgalwangi |

--- 17 : 16 ---

Wiranagara Têtêgal | lan Rêksanagara sami | dene wadya Kumpêninya | Lutnan Jaisman kang nami ||

53. wong Kartasura winuwus | Banyakwidhe barisnèki | tigang èwu winatara | lan Pangeran Surabanggi | wadyèng Têgal gya têngara | adan têmpuh kang ajurit ||

54. bala ing Têgal gumrêgut | wadyèng Banyumas nadhahi | arame dènira yuda | swaraning kang bêdhil muni | lir gêlap sasra kapirsa | Lutnan Jaisman siraglis ||

55. ngirid sa-Kumpêninipun | baris kang dhadha ginitik | wadyèng Banyumas atadhah | dèn êdrèl awanti-wanti | gumrudug tambur myang surak | sigra Wiranagara glis ||

56. Rêksanagara tan kantun | angrabasèng saking keri | tandang lir yaksa mêmôngsa | tan gumingsir ing ajurit | dhadhal bala ing Banyumas | tan wontên tahan ing bêdhil ||

57. wadyèng Têgal gya angêlut | samya malaywa angisis | tan wontên môngga puliha | kang kacandhak akèh mati | wadyalit kang matyèng marga | Tumênggung Têgal ngunduri ||

127. Durma

1. dyan warnanên wadyagêng ing Kartasura | kang samya anuguri | anèng nagri Dêmak | Arya Mandurarêja | Tumênggung Wirasastrèki | myang Wirawôngsa | sampun miyarsa warti ||

2. lamun bala Madura prapta ing Dêmak | lawan wong Surawèsthi | pangiriding lampah | aran Panji Lamongan | wong Madura anindhihi | mantri prawira | Jangkewuh lan Jangpati ||

3. tanayane Rahadèn Suradiningrat | lan radèn dêmang nênggih | myang wadya Walônda |

--- 17 : 17 ---

Kênol mêdal lautan | angirid bala Kumpêni | wadya ing Dêmak | ing alun-alun baris ||

4. kang amêthuk mêngsah kang mêdal lautan | nênggih kang anaosi | Ki Tumênggung Dêmak | Wiranagara lawan | Padmanagara lan malih | Ki Suranata | kang amagut Kumpêni ||

5. kang nadhahi mêngsah Sampang Surabaya | wadyèng Kartasurèki | wus samya samakta | warnanên wong Walônda | numpak ing dharatan sami | lajêng umangsah | tumamèng ing kuthaglis ||

6. wadyèng Dêmak sampun anêmbang têngara | Walônda sampun prapti | baris lêlumbungan | tambur munya brang-brangan | alpèrès kang anindhihi | sareyanira | kang ngapit kanan kering ||

7. kopralira ngiyun munggèng ngarsa wuntat | Kapitan Kênol wuri | ya ta wadyèng Dêmak | anêmpuh mamuk rampak | wong Kumpêni ngêdrèl aglis | rame ing yuda | pêtêng kukusing bêdhil ||

8. anglir singakarti wadyabala Dêmak | ingêdrèl wanti-wanti | wau wadyèng Sampang | lawan wong Surabaya | pan wus yun-ayunan jurit | sarêng umangsah | dhadha myang kanan keri ||

9. ramening prang wong Surabaya umangsah | Panji kang anindhihi | prajurit Madura | rampak dènira yuda | lir buta sèwu mrih daging | kagila-gila | kaduk sura mangungkih ||

10. sira Panji Lamongan angirid bala | tri atus wong sinêlir | mamuk ngadilaga | wong Kartasura tadhah | wong Surabaya mangungkih | wadyèng Madura | sumahab ambêg [a...]

--- 17 : 18 ---

[...mbêg] pati ||

11. binarondong ing bêdhil myang sinawuran | busur pasêr myang lêmbing | kukusing sundawa | limêng lir ampak-ampak | pan kadya sinewèng sari | wadya Madura | sangsaya berag jurit ||

12. tan awingwrin miyat lungiding warastra | myang wadya Surawèsthi | lir banthèng katawan | wong Sampang Surabaya | pangamuke anglir bêlis | wong Kartasura | rusak tataning baris ||

13. ngiwad-ngiwud wadyèng Sampang Surabaya | Kya Panji angawaki | myang wong pêpilihan | dhadhal wong Kartasura | rêmpu datan kêna pulih | akathah pêjah | tiyang Dêmak angisis ||

14. wus angumpul marang bala Kartasura | mogok anèng Tambiring | ingêlud saksana | mawur kawula Dêmak | kuthane wus dèn lêboni | wadya Walônda | nèng jro wismèng dipati ||

15. kang bêbujung marang bala Kartasura | wong Sampang Surawèsthi | nèng Tambiring aprang | wong Kartasura bubar | tan ana ingkang ngudhili | gêmpang suh sirna | rusak tan môngga pulih ||

16. wangsul maring kitha wadya ing Madura | miwah wong Surawèsthi | wadyèng Kartasura | tuwin kawulèng Dêmak | sakarinè kang ngêmasi | angumpul samya | ing Têmur dènnya baris ||

17. sinêngkalan bêdhahe nagarèng Dêmak | kacarita ing nguni | apan tunggil warsa | lan duk madêge nata | susunan anèng Samawis | dyan kawuwusa | wong Sampang Surawèsthi ||

18. pan atugur samana nèng nagri Dêmak | Ngadilangu kawarni | Pangran [Pa...]

--- 17 : 19 ---

[...ngran] Rôngga seba | nungkul marang Samarang | tinarima ing narpati | ing Ngadilangwa | duk samana pinalih ||

19. Panêmbahan Wijil lan Pangeran Rôngga | têtêp dipun kalihi | ya ta kawarnaa | wong Sampang Surabaya | kalawan wadya Kumpêni | kang sêdya ngrurah | baris ing Tugu nênggih ||

20. sampun prapta sawetaning Tugu samya | wong Kêdhu wus udani | yèn mungsuhe prapta | sigra samêktèng yuda | ing dhadha dipun kandêli | tuwin pangawat | tinata barisnèki ||

21. ingkang munggèng dhadha Pangeran Balitar | ingkang pangawat keri | sira Natayuda | ing kanan Mangkuyuda | sigra têngara tumuli | wadyèng Madura | sampun atata baris ||

22. wong Kumpêni ingkang baris munggèng dhadha | munggwing pangawat keri | wadya ing Madura | têngên wong Surabaya | pan gumrudug tambur muni | wong Surabaya | galaganjur munyatri ||

23. ting jalêgur carabali ing Madura | sigra têmpuh kang jurit | wong Kêdhu sumahab | Tumênggung Mangkuyuda | angadhangkrang dèn payungi | madyèng palagan | rowang mungsuh barêngi ||

24. wus acampuh wong Kêdhu lan wong Madura | apanggih padha wani | ramening kang yuda | bêrêg-binêrêg samya | wong kêdhu pêngkuh ing jurit | wadya Walônda | gumrudug ambêdhili ||

25. akèh mati wong Kêdhu mêksa apanggah | dèn êdrèl wanti-wanti | sira Mangkuyuda | kalawan Natayuda | tatag têtêg ing ajurit | sawadyanira | wong Kêdhu Surèngpati ||

26. dyan gumulung wadyèng Sampang Surabaya |

--- 17 : 20 ---

pra mantri angawaki | sira Radèn Sasra- | diningrat ngirid bala | wong Madura nêmpuh wani | pan Radèn Rôngga | kang nrêgakên ing wuri ||

27. Arya Jayapuspita angirid bala | mamuk wong Surawèsthi | ramya têmpuhing prang | bêdhil lir gêlap sasra | pêtêng kukus anglimputi | lir ampak-ampak | carub wor kang ajurit ||

28. ramening prang pêpati mungsuh lan rowang | dèn idêg tan tinolih | Arya Japuspita | nêngah asumbar-sumbar | wong Kêdhu mundura aglis | bok nora nôngga | mungsuh wong Surawèsthi ||

29. anolèha pundhakira bundhas-bundhas | padha pating talêning | iya nora padha | lawan wong Surabaya | pundhake padha anglading | payo numbaka | wong punuk jêjêmbêri ||

30. ya ta wontên panèwu Kêdhu miyarsa | aran Ki Sarapati | mara ngêmbat watang | Arya Jayapuspita | gumuyu dènira angling | hèh arêp apa | wong punuk marêpêki ||

31. baya arêp akon ngiris punukira | dèn parêk ingsun iris | Sarapati numbak | mungkur Jayapuspita | wong Surabaya udani | sigra dèn rêbat | Sarapati dèn byuki ||

32. kinarocok Sarapati sampun pêjah | Mangkuyuda udani | prapta saha wadya | Jayapuspita mulat | yèn Mangkuyuda ngawaki | ngabani bala | mamuk wong Surawèsthi ||

33. têmpuking prang Ki Arya Jayapuspita | angadu wong sinêlir | wong Kêdhu apanggah | pangawatira dhadhal | wong Madura anginêbi | saking iringan |

--- 17 : 21 ---

dhadhèng prang wus katindhih ||

34. Natayuda anangis matur ing raka | dawêg kakang gumingsir | apan dede sanggan | kang mêngsah saya kathah | sampun karsaning Hyang Widi | ing Kartasura | pulunge sampun ngalih ||

35. ing ayuda tan wontên udhile pisan | kakang wus mêmarahi | apêsing nagara | yèn ingsun dulu mêngsah | rong uwong gêdhene sami | sang kaka mirsa | sojaring punang ari ||

36. sigra ngingsêr turôngga tilar galanggang | Pangran Balitar sami | wadyèng Kêdhu bubar | ingêlud de wong Sampang | myang prajurit Surawèsthi | ambêrêg samya | wadyèng Kêdhu awingwrin ||

37. ting bêkakrak wadyalit kèh malbèng jurang | ana matyèng wanadri | Kaliwungu prapta | wadya kang anglud mêngsah | wong Sampang lan Surawèsthi | tuwin Walônda | rêrêb ing Lèpèntangi ||

38. palayune Natayuda Mangkuyuda | ing Kêdhu kang dèn jogi | wau kawarnaa | Kumpêni ing Têtêgal | budhal saking ing Têtêgil | ing Pakalongan | Batang arsa ginitik ||

39. lawan sira Tumênggung Wiranagara | Rêksanagara tuwin | ya ta lampahira | gêgaman sampun prapta | têpis iring kang nagari | wong Pakalongan | gègèr kang dèn ènciki ||

40. sampun katur maring Radèn Nitiyuda | yèn mêngsah kathah prapti | tuwin nagri Batang | Rahadèn Madurêtna | pan samya lolos ing wêngi | lawan miyarsa | kang baris Tugu ngisis ||

--- 17 : 22 ---

41. garawalan Nitiyuda Madurêtna | ing Kêdhu kang dèn jogi | ya ta kawarnaa | sira Tumênggung Têgal | kalawan bala Kumpêni | ing Pakalongan | kuthane dèn lêboni ||

42. pan ing Batang sarêng dènnya linêbonan | kutha kapanggih sêpi | wau kawarnaa | wong Sampang Surabaya | anèng Kêndhal Lèpèntangi | ngêlar jajahan | nungkul wong kanan keri ||

43. sampun mundur Kumpêni marang Samarang | prasamya tinggal mantri | kang ngêlar jajahan | miwah kang anèng Dêmak | prasamya ningali mantri | Kênol wus bubar | ing laut dèn wêdali ||

44. ênêngêna wau kang lagya lumampah | gantya ingkang winarni | praptèng Kartasura | nênggih kang winursita | langkung wagugên tyas aji | dènnya miyarsa | sagung wadyèng pasisir ||

45. pan ing mangke samya nungkul ing Samarang | kabubuh kyai patih | mangkyatur uninga | kalamun wontên kraman | saking Gunungkidul nênggih | ran Wirawôngsa | nèng Wanglu dènnya baris ||

46. pan samana apan sampun linurugan | datan kawarnèng margi | praptèng Wanglu sigra | nulya campuh ing yuda | rame rok asilih ukih | datan antara | wadyèng karaman ngisis ||

47. Wirawôngsa murdanya sampun kairas | binêkta mundur aglis | praptèng Kartasura | katur mring naradipa | langkung suka sri bupati | sigra kang murda | kinèn manjêr kang wijil ||

--- 17 : 23 ---

102. Ingkang Sinuhun Pakubuwana andhatêngakên kasukan kalihan para wadya

128. Mijil

1. nahan narendra Kartasurèki | gantya winiraos | kangjêng sinuhun ingkang wus mangrèh | ingkang mandhirèng nagri Samawis | kang sampun siniwi | ing bala gung-agung ||

2. wadyèng pasisir kabèh wêdyasih | abêkti mring katong | myang wadyèng Kartasura wus akèh | ingkang samya nusul mring Samawis | sumiwèng narpati | samya atur-atur ||

3. dina Soma kasukan sang aji | wus pêpêk punang wong | munggèng pasanggrahan punggawandhèr | saha garwa kang para dipati | tuwin para mantri | atap munggwing ngayun ||

4. para putra sadaya anangkil | ngarsèng rama katong | kang mrêdôngga angrangin swarane | Panêmbahan Madura sumiwi | lan sagung bupati | nèng ngarsa supênuh ||

5. saha bukuh palunggwing manangkil | myang Kapitan Kênol | sapraptaning Dêmak nagarane | sanityasa lanang dènnya jurit | myang wong Surawèsthi | Sampang prapta sampun ||

6. kang bêbêksan pan sampun awiwit | para atmajanom | pangran dipati angrangin age | lan panêmbahan mêngsahnya tandhing | kang para bupati | gumêdêr lokipun ||

7. sarya angidung dènnya angrangin | Pangran Dipatyanom | Kênya Kadhiri nênggih têmbange | swaranyarum kadi madu gêndhis | rênyah asung brangti | asring karya wuyung ||

8. sagung garwaning para dipati | prasamya nênonton |

--- 17 : 24 ---

ya ta wontên kaprênah mantune | Suraadimênggala Dipati | ingkang jalu nênggih | kaponakanipun ||

9. Martayuda wêwanginirèki | pinundhut de katong | apan kinarya carik damêle | sakalanira sri narapati | dèrèng darbe carik | marmane tinuduh ||

10. Martayuda rabine yu lêwih | sêlèg-sêlèg anom | nênggih lagya kêkalih putrane | galak ulate anggarit ati | èsmu jung karangin | solahe dinulu ||

11. adangu dènnya amandêng liring | sira sang lir sinom | pangran dipati kang anèng tyase | yèn angucapa sajroning ati | pangeran dipati | tuhu yèn binagus ||

12. dhongoh sengoh kaduk marêk ati | dahat karya wirong | Ki Jênat sêmbada lan swarane | gêtas rênyah dahat dudut ati | praja ing Samawis | tanna saminipun ||

13. sang dyah wagugên sajroning ati | rongèh dènnya lunggoh | kasamêkan sinjang ting kathèthèr | datan liyan kacipta ing ati | mung pangran dipati | kang ana ing dulu ||

14. swanita kumyus lwir dèn sirami | layon gêlung rontog | apan wontên sang dyah pawongane | biyang Garêm uninga ing wadi | anjawil aririh | anggèr dawêg mantuk ||

15. solah dika dahat ngatawisi | têka pijêr dongong | miyat ing sang bagus trus bêksane | ingsun iki pan wus nini-nini | parandene brangti | mirsa swaranipun ||

16. nanging dede wawrat dika gusti | brangti mring sang anom |

--- 17 : 25 ---

mitra putranira kang mangku ngrèh | lwir kate pan pêksa ngrangsang wukir | pan dede sasami | brôngta mring wong agung ||

17. ya ta kering ing pawongannèki | sang dyah sampun miyos | sêmpoyongan wirangrong lampahe | ya ta pinarêng kang asung brangti | luwar dènnya ngrangin | arsa sêne mêtu ||

18. praptèng jawi pintu aningali | wong agêng kaluron | jêng pangeran sigra panyapane | bibi gustinira baya sakit | dene sun tingali | pamulune alum ||

19. biyang Garêm mèsêm wruh ing wadi | nêmbah matur alon | inggih gusti asangêt sakite | pan kasambêt mring kang bêksa ngrangin | jampyanana gusti | dimèn sagêd mantuk ||

20. sang ingujaran mèsêm marani | dhatêng ing pêpojok | saha wacana arum wuwuse | besuk sore sun marana bibi | hèh sira dyah ari | aywa sangêt wuyung ||

21. dèn abisa sira namun kapti | mirah jiwaningong | aywa katawis marang kakunge | sang dyah pan sarwi liniling-liling | hèh mantuka yayi | ngong sowan sang prabu ||

22. nimas Martayuda nêndha liring | srêt tyasnya sang sinom | jêng pangeran wangsul mring prênahe | biyang Garêm numêd damar lilin | wus mêdal ing jawi | praptèng wismanipun ||

23. nimas Martayuda niba guling | sarwi mujung dodot | datan wontên kaciptèng driyane | amung kangjêng pangeran dipati | kang anèng ing ati | sang dyah arawat luh ||

24. tan kawarna solahirèng nguni | pan tansah gêng wirong | rangu-rangu lali dhahar

--- 17 : 26 ---

sare | kawarnaa kangjêng sri bupati | aluwaran sami | dènira anayub ||

25. pangran dipati wus mantuk aglis | dhatêng ing pakuwon | kang kacipta amung ubayane | lawan nimas Martayuda nguni | sasolahe kèksi | kang asung lara kung ||

26. rêngêng-rêngêng angidung rêrêpi | kang rinênggèng panon | mung kang asung patêmbayanane | dhuh mas mirah ingsun wong alindri | dhêdhongklak Samawis | bisa karya wuyung ||

27. upamane mirah awak mami | lwir pradapa layon | pan kasongan raditya kênyare | yèn tan tulus mirah sih ing mami | rêraga matyaking | kandhuan wulangun ||

28. wontên kinarya dhandhang anilib | dènira sang anom | bapakane Garêm kêkasihe | punika kang dadya jarumaning | èstri sami èstri | jalu sami jalu ||

29. sinamur-samur tan kêna lilih | tyasira sang sinom | sigra animbali kalulute | bapakane Garêm sampun prapti | ngandika sang pêkik | payo andon dalu ||

30. pak Garêm umatur awotsari | suwawi lungan don | dhustha asmara wau ta gone | ngarsa-arsa praptanya sang pêkik | malah lali guling | mèsêm sang abagus ||

31. bakda ngisa pangeran dipati | têdhak mung wong roro | pak Garêm umampir ing wismane | sang adhusthèng asmaratut wuri | prapta ing wismèki | lênggah sang abagus ||

32. apan parêkan wisma kang pinrih | dhinusthèng kalangon | pakne Garêm pan magêrsarine | dènira mas Martayuda nênggih | sang dyah

--- 17 : 27 ---

kang winarni | kang sayagêng wuyung ||

33. ingkang raka pan kesah akêmit | pasangggrahan katong | kang katilar aywa sira age | agônda wida anguswa wèni | rema drawela lir | mega asmu jawuh ||

34. kasamêkanira jingga miring | asinjang tiga ron | kadya bêngle keris pamulune | asêngkang bapang sêkar warsiki | gêgôndamrik minging | akalpika mancur ||

35. pawongannya kalih munggèng ngarsi | kang tansah tinaros | biyang Garêm alon ing ature | sampun sangêt dènnya nandhang agring | rakanta manawi | mangke dalu rawuh ||

36. kawarnaa kang arsa don rêsmi | wus angrampit jaro | pakne Garêm tansah nèng wurine | mêdal kori bêbutulan kalih | lajêng lampahnèki | palataran rawuh ||

37. sang lir kusuma apan kapanggih | nèng panirat kulon | biyang Garêm tansah nèng wurine | dahat yun-yunên mring sang apêkik | mèh lalu panganti- | nira sang lir juruh ||

38. angling alon saha waspa mijil | wong agung agoroh | dene kongsi pukul sanga mangke | jêng pangeran datan ana prapti | dhêngkang wadung pariwadung pari = ani-ani. | niaya kalangkung ||

39. sang ingucap mèsêm miyarsangling | marêpêki alon | soring nagapuspa panggonane | sang dyah ayu tan wikan sayêkti | yèn pangran dipati | sampun dangu rawuh ||

40. Ki Garêm munggèng wuri atêbih | pan sarwi andhodhok | sang lwir puspa adrês panggrundêla |taling sêharusnya ditulis sêtêlah aksara da - mênjadi panggrundêle. sidiparag wibawa tan prapti | saya ngadiadi |

--- 17 : 28 ---

dumèh putrèng ratu ||

41. asikara angrêrujit ati | dahat karya wirong | ing tyas apa kang pinanggih têmbe | wong akarya sak ing sami-sami | sun têtêdha nuli | dèn pangana antu ||

42. antuning wong pasisir kang mandi | ya dèn kongsi lodhoh | lamun lodhoh wong bagus ragane | sayêktine pan ingsun tangisi | yèn têka ing pati | abela wakingsun ||

43. lagya wacana sang kadi suji | pangran mara alon | sang dyah kagyat lunga saking gène | jêng pangeran anyandhak astaglis | dhuh mas mirah mami | mring êndi jiwèngsun ||

44. baya tan sotah miyat ing dasih | kang agung kaluron | kang kawahan ing liring ta anggèr | sang lir rungruming puspita amrik | mêndhêk nikêl warti | ing ngarsa sang bagus ||

45. dyan sinambut winawèng jinêm mrik | sira sang lwir sinom | sang dyah matur kapan duk rawuhe | sang liningan mesêm anauri | duk paantu gusti | gon manira rawuh ||

46. sang dyah gumujêng sarya nyiwêli | acanggèh paturon | sang kakung bagus ngasmarèng rume | priyêmbadanya angrêmih-ngrêmih | mrih wêdharing rêsmi | sarining kang santun ||

47. jêng pangeran ngaras wanti-wanti | sang dyah sru kalêson | wus karêbut tirahing sinjange | sang dyah kepyan wêntisnya katitih | tan kêna gumingsir | pinarjayèng lulut ||

48. sampun wêdhar kang apulang rêsmi | pan dahat kawuron | sampun pukul sakawan wancine | jêng pangeran têdhak asêsuci | sampunnya wêwijik | lênggah sang abagus ||

--- 17 : 29 ---

49. sang dyah ayu nambut burat wangi | majêng awotsinom | sang kakung ginônda wida age | dyan warnanên ingkang lagya prapti | ingkang saking kêmit | palataran rawuh ||

50. Martayuda sadalu tan guling | gènira asaos | tansah mêlang-mêlang jro driyane | pangraose kadi ana maling | mila nuntên mijil | praptèng wismanipun ||

51. apan lajêng sira ngintip-intip | kang anèng paturon | ting garênêng wong roro swarane | saya dangu dènira angintip | apan wus kaèksi | yèn ana wong lungguh ||

52. tirahning made wong lanang pêkik | garwane munggèng sor | yèn ngucapa sapa baya kiye | dangu-dangu waspada tan pangling | yèn pangran dipati | munggèng tilam santun ||

53. dadya sandea sajroning ati | apan arsa alok | ajrih lamun kacihna ing akèh | nulya dhaham-dhaham saking jawi | pangran adipati | kagyat sigra mêtu ||

54. miyommiyos. bêbutulan dènnya mijil | sampun bêdhah jaro | pakne Garêm tansah nèng wurine | palajênge pangeran dipati | ngalimpêd ing margi | warnanên kang kantun ||

55. sangêt bramatya manjing wismaglis | rabine andhepok | dyan cinandhak ingukêl rambute | jinêjêkan kongsi kongsêp siti | dèn idak dèn bithi | tinapuk jinagur ||

56. linalarak anjrit sambat mati | patènana ingong | iya aja dèn lêlarak bae | ajur luluha ingsun andhêmi | ukumên ing pati | tan gumingsir

--- 17 : 30 ---

ingsun ||

57. nyata culika ing tindak mami | tuhu lamun cêlor | Martayuda asugal saure | nora wurung mêngko sun patèni | sun lêlara dhingin | lêgane tyas ingsun ||

58. pan adangu dènnya nguncit-uncit | rambutira bodhol | sang dyah kantu ing siti anglèsèd | Martayuda emut wlas ing galih | tinilar mring panti | wus sare amujung ||

59. sang kakung dangu dènira guling | kang lena ing panon | wus anglilir miyat ing kakunge | lamun maksih mujung dènnya guling | pungun-pungun mijil | alon lampahipun ||

60. ingkang tansah sinambat ing tangis | kang lunga ambolos | sidhêngkah têka ènthèng bobote | dene ora angantèn-antèni | maleca ing jangji | sidiparag ngantu ||

61. lampahira kang sinêdyèng galih | pasanggrahan katong | sampun prapta ing pura lampahe | sampun katur dhatêng pramèswari | lamun lambangsari | lawan putranipun ||

62. bini aji matur ing narpati | yèn kang putra cêlor | nimas Martayuda lawanane | malah mangke purik dhatêng puri | pinala tan sipi | dhatêng kakungipun ||

63. sri narendra ngungun miyarsangling | angandika alon | timbalana Si Martayudage | kang parêpat alit nêmbah mijil | wus praptèng wismèki | Martayuda wau ||

64. mas Martayuda kapanggih guling | ginugah siralon | wus atangi andulwèng rabine | kang katingal duta nata kèksi | saha nênimbali | Martayuda [Marta...]

--- 17 : 31 ---

[...yuda] gupuh ||

65. sampun kerid ing parêpat alit | glis praptèng pakuwon | lajêng tumamèng pura lampahe | praptèng ngarsanira sri bupati | nêmbah ing padaji | mangusapi lêbu ||

66. sri narendra angandika aris | kulup miyarsèngong | rabinira apurik marene | akirda lawan si adipati | apuranirèki | nyawa ingsun jaluk ||

67. rabinira ingsun kang nglironi | pilihana kang wong | jroning dalêm sasênênge tyase | ingsun kang awèh mring sira kaki | kabèh sêlir mami | myang pawongan ingsun ||

68. nanging aywa dadya tyasirèki | mring arinta mêngko | Ki Dipati Mangkunagarane | nuju kêna pangadune bêlis | lali mring sirèki | sudara tan ketung ||

69. kang sinungan ling waspanya mijil | sumungkêm abukoh | kamanisên nata andikane | dadya lilih nir runtik ing swami | kalimputan ing sih- | ira sang aprabu ||

70. Mas Martayuda matur wotsari | nuhun sih jêng katong | abdi dalêm yèn kenginga mangke | amba suwun mantuk mring wismèki | nata ngandikaris | iya anak ingsun ||

71. nanging kaki ywa sira sakiti | ing wêwêkas ingong | sang sinujaran atur sêmbahe | patik aji tan sêdya angipi | nyakitana mangkin | mring abdi sang prabu ||

72. dahat ajrih timbalan narpati | lingira sang katong | yayi pramèswari lah dèn age | wêdalêna Si Martayudèstri | iya dèn kon mulih | marang lakinipun ||

73. sori nata mentar awotsari |

--- 17 : 32 ---

lumampah siralon | amarani marang ing rabine | Martayuda tur dèn wêwarahi | lah muliha nini | kinon mring sang prabu ||

74. sang dyah kalangkung wiyang jro ati | nging ajrih mring katong | ri saksana nulya mangkat age | ingkang jalu wus tinundhung mulih | kinèn sarêng swami- | nira sampun mantuk ||

75. sang liningan sumungkêm ing siti | mundur awotsinom | sigra mantuk marang ing wismane | tan kawarna ing marga wus prapti | lampahira kalih | kasmaran kang dulu ||

103. Tumênggung Jayaningrat nungkul dhatêng ing Sinuhun Pakubuwana

129. Asmaradana

1. ya ta kawarnaa mangkin | Ki Tumênggung Jayaningrat | ing Ungaran barisane | sampun amiyarsa warta | yèn nagri Kartasura | kang anèng Dêmak kaburu | miwah kang baris ing Têgal ||

2. myang kang nèng Lèpènkêtangi | kawarti sampun lumajar | marmane alit manahe | Ki Tumênggung Jayaningrat | sigra wau utusan | dhatêng ing Samarang gupuh | arane ingkang dinuta ||

3. Pusparudita rannèki | sampun binêktanan sêrat | lumaksana ing lampahe | wus praptèng nagri Samarang | sowan mring Panêmbahan | Madura tur sêrat gupuh | nawala gya tinupiksa ||

4. kadhadha ungêling tulis | panêmbahan sigra sowan | dhatêng pasanggrahan age | wus praptèng ngarsa narendra | matur mring naradipa | dhuh gustiningsun pukulun |

--- 17 : 33 ---

kawula atur uninga ||

5. dhatêng paduka narpati | yèn mangkya pun Jayaningrat | kang baris nèng Wungarane | kintun sêrat mring kawula | dene ingkang dinuta | pan kaprênah arinipun | aran pun Pusparudita ||

6. nênggih ungêling kang tulis | pukulun pun Jayaningrat | ngaturkên pêjah gêsange | katura dhatêng narendra | myang sêdya angawula | nanging ingkang dipun suwun | dhusun dalêm Rêmbahrawa ||

7. dene padhange ing margi | sampun kawatir sang nata | pun Jayaningrat warnine | miwah wong Bugis myang Cina | apan sami binêkta | angabdi dhatêng sang prabu | ya ta wau sri narendra ||

8. kalangkung tustha ing galih | arum wijiling wacana | sun tarima panungkule | Si Tumênggung Jayaningrat | nanging ing Rêmbahrawa | iku ewuh atiningsun | pan wus ngong karya ubaya ||

9. lawan Ki Besan Samawis | ya ta wau Ki Dipatya | Suradimênggala ture | ulun gusti pinaringna | dhusun ing Rêmbahrawa | rinojong saaturipun | pun Tumênggung Jayaningrat ||

10. pamrih kawula narpati | tulusa dadosa rencang | sang narendra lêga tyase | arum dènira ngandika | ari mas ing Madura | caraka tundhungên mantuk | sira ngangsulana layang ||

11. môngsa bodhoa sirèki | ari mas amrih miluta | Si Jayaningrat kênane | yèn tulusa dadi rewang | amêngakakên marga | êbangên ganjaraningsun | punggawa môngka mênggala ||

12. dadia kanthinirèki | Panêmbahan [Panêmbaha...]

--- 17 : 34 ---

[...n] Cakraningrat | sandika atur sêmbahe | ambêkta Pusparudita | praptèng pakuwonira | wus lênggah angandikarum | mring duta Pusparudita ||

13. hèh kacung lêlakon iki | kakangmu Si Jayaningrat | sayêkti ana bêgjane | yèn nurut pratikêl ingwang | pasthi lamun sun angkat | sun karya pungawa agung | angrèh samaning punggawa ||

14. sang nata wus tan ngawruhi | ala bêciking nagara | wus pasrah kabèh maringong | kakangmu nyuwun Samarang | pira kèhè Samarang | ingsun suwunakên besuk | nagara ing Pakalongan ||

15. tikêl wolu lan Samawis | tur sêmbah Pusparudita | pukulun pun kakang mangke | môngsa inggih anêkêlna | ing sapangrèh paduka | anglabuhi sêdyanipun | ing raka paduka nata ||

16. manthuk angandika malih | Panêmbahan Cakraningrat | lan pira kèhe barise | kang pinangku kakangira | kang tugur ing Wungaran | lan pira bupatinipun | tur sêmbah Pusparudita ||

17. mung sakawan pra dipati | nanging sami pamajêgan | lan bupati kalang gowong | myang tuwaburu punika | pun majêgan Mataram | pra mantri tan wontên kantun | ingkang dinamêl pangarsa ||

18. Pudhakpayung dènnya baris | dene wadyèng Gêgajihan | kang awarni-warni mangke | Jawa Bugis lan Makasar | Ambon Cina Sambawa | inggih pitung puluh èwu | kang karèh kang kawisesa ||

19. punika kang dèn tindhihi | ing putra tuwan pun kakang | dunya rong duman kadhaton |

--- 17 : 35 ---

kang binêkta mring Wungaran | kinarya gajih wadya | angsal pitung puluh èwu | Panêmbahan Cakraningrat ||

20. gèdhèg-gèdhèg ngandikaris | ênya iki layang ingwang | iya angsul-angsul ingong | sadina mêngko mangkata | bêngi-bêngi têkakna | pan ingsun ing besuk-esuk | anglakokkên sandining prang ||

21. dene ta pratingkahnèki | wus ana sajroning layang | ing gêlar prang sandi bae | tur sêmbah Pusparudita | lèngsèr saking ngajêngan | rêrikatan lampahipun | ing Wungaran praptanira ||

22. pukul nêm tan ana uning | wruha tan ana graita | lamun mêngkono lakune | wus panggih lan kadangira | Tumênggung Jayaningrat | suratira sampun katur | ingkang saking panêmbahan ||

23. binuka sinuksmèng galih | pèngêt iki layang ingwang | sarta salam donganingong | Panêmbahan Cakraningrat | ing Maduradi praja | kang môngka manggalèng pupuh | bêbanthènging tanah Jawa ||

24. prajurit panata baris | senapati ing paprangan | kang amomong ing sang katong | ambaboni pra dipatya | kabèh ing tanah Jawa | hèh praptaa layang ingsun | Jayaningrat maring sira ||

25. kang kinarya senapati | mring Sunan Mangkurat Êmas | sirahing baris sakèhe | kang atugur ing Wungaran | wiyose Jayaningrat | sirawèh layang maringsun | kagawa ing kakangira ||

26. iya wis prapta ing mami | sun banjurkên suratira | katur marang ratuningong | sira

--- 17 : 36 ---

liwat tinarima | bêktinira mring nata | amêngakakên dalanggung | bubarkên baris Wungaran ||

27. panuwunira ing mami | iya desa ing Bahrawa | wus têtêp pinaringake | sakèhe pitungkas ingwang | kang kajaba ing layang | wus anèng kadangirèku | iya Si Pusparudita ||

28. sawusnya miyarsa tulis | Ki Tumênggung Jayaningrat | angundhangi prajurite | pating kalêsik sadaya | mêpak sikêp Bahrawa | anyingkirkên donyanipun | barana kang pira-pira ||

29. wus kêbut sami sawêngi | enjing lajêng pêparentah | pra dipati sadayane | kang samya munggèng pangarsa | kang tugur Payungpudhak | ingundhangan sami mundur | ing prang dadosa satunggal ||

30. angumpula senapati | Ki Tumênggung Jayaningrat | anèng Karamas barise | prajurit kang pitung lêksa | dhêndhêng ngèbêki wana | gantya wau kang winuwus | dutanira panêmbahan ||

31. saking Samarang wus prapti | ingkang angirid gêgaman | mung kawan èwu barise | wong Sampang lan Surabaya | têtindhihing kang putra | Suradiningrat Tumênggung | lan Arya Jayapuspita ||

32. nyabrang jurang Jatingalih | sagunging baris kêkirab | giyak natab carabalèn | galaganjure ngêmandhang | myarsa wong Kartasura | gêgaman dèrèng kadulu | mung gamêlan kapiyarsa ||

33. orêg wong Kartasurèki | wus sami gêmpal tyasira | kêkês muntir banderane | Ki Tumênggung Jayaningrat | wus matêng jangjinira | lan parangmuka kang rawuh | mandhêlong [ma...]

--- 17 : 37 ---

[...ndhêlong] pangawatira ||

34. duk katingal mungsuhnèki | bubar wadya Gêgajihan | samya angilèn golonge | tan ana ingkang animpang | eram ingkang umiyat | wadya pitung puluh èwu | kadya sêmut lampahira ||

35. wus awor lan mungsuhnèki | Ki Tumênggung Jayaningrat | pra dipati mulat kabèh | lamun senapatinira | wus amor lawan mêngsah | dudu rasane kadulu | malêdug asalang tunjang ||

36. binêdhah bitinge gusis | wong tuwaburu kalawan | wong Mataram talang gowong | palayune asêsaran | gusis baris Wungaran | wadyèng Madura kang rawuh | wus angancik ing Wungaran ||

37. miwah wadyèng Surawèsthi | wus tata apamondhokan | Tumênggung Jayaningrate | wus amor apagunêman | pacak malah barisnya | wau Rahadèn Tumênggung | Suradiningrat putusan ||

38. lan Arya Japuspitèki | tur uningèng panêmbahan | kalamun tulus kênane | Ki Tumênggung Jayaningrat | baris Wungaran bubar | nêtêpi saaturipun | mangkya wus macak barisnya ||

39. dutane praptèng Samawis | katur dhatêng ingkang rama | sigra tinulak dutane | ingkang putra tinimbalan | Radèn Suradiningrat | angirida sowanipun | Ki Tumênggung Jayaningrat ||

40. praptaning duta nulyaglis | sanega apêparetah | ingkang atêngga barise | wadyanira Jayaningrat | para mantri Bahrawa | Jangpati lawan Jangkewuh | têtindhih mantri Madura ||

--- 17 : 38 ---

41. lawan Dêmang Konangpasir | têtindhihing Surabaya | Dêmang Kaburônggalawe | gangsal atus sikêping prang | Tumênggung Jayaningrat | bêkta baris kalih èwu | kalih atus bêbongkokan ||

42. sigra lampahe nulyaglis | praptane nagrèng Samarang | prapta ing pasanggrahane | Panêmbahan Cakraningrat | lajêng binêkta sowan | wus katarimèng sang prabu | panungkule Jayaningrat ||

43. sampun ginanjar nagari | sinungan nama dipatya | Dipati Jayaningrate | lênggah nagri Pakalongan | dene Pusparudita | ginanjar nama Tumênggung | Puspanagara ing Batang ||

44. sukèng tyas kang pra dipati | Panêmbahan Cakraningrat | kalangkung sukèng driyane | bubare baris Wungaran | nipis ing Kartasura | Panêmbahan Madura wus | marentahi pra dipatya ||

45. kinèn samêktèng ajurit | anata prajuritira | pan amung nganti sangate | anggitik ing Kartasura | pasisir kulon wetan | wus rakit prajuritipun | supênuh anèng Samarang ||

104. Ingkang Sinuhun Pakubuwana ambidhalakên wadyabala nglurug dhatêng Kartasura

46. nahan gantya kang winarni | Sri Bupati Kartasura | lagya siniwèng wadyane | sakarine kang punggawa | pêpêk samya sewaka | wong gêdhong kaparak pênuh | myang Apatih Sumabrata ||

47. angandika sri bupati | hèh Apatih Sumabrata | ing mêngko [mêng...]

--- 17 : 39 ---

[...ko] paran wartane | kang sami lungandon yuda | apa lanang ing rana | Patih Sumabrata matur | pukulun atur kawula ||

48. abdi kawula narpati | kang sami kesah don yuda | dèrèng campuh kala mangke | pan sami ajêng-ajêngan | kalih wadyèng Madura | lawan wadya Surèngkewuh | sang nata asru ngandika ||

49. alawas têmên sun anti | bapa kirimana layang | konên angrurah dèn age | iya nagara Samarang | si paman dèn cêkêla | kiki apatih (dan ditempat lain). apatih awotsantun | sang nata eca ngandika ||

50. kasaru caraka prapti | dutane Mandurarêja | kasarêngan utusane | Pangeran Arya Balitar | kalawan kang utusan | Pangeran Surabayèku | duta katri parêng prapta ||

51. katingalan mring sang aji | duta ngandika mring ngarsa | narendra ngandika age | sira ta kinongkon apa | marang ing gustinira | caraka sarêng umatur | pukulun ulun dinuta ||

52. anuwun bantu narpati | ing mangke abdi paduka | nêngguh kasoran yudane | pun Arya Mandurarêja | nagari Dêmak bêdhah | langkung ramening prang pupuh | para mantri kathah pêjah ||

53. duta kang saking Têtêgil | ature datan prabeda | miwah ta wau dutane | Ki Tumênggung Mangkuyuda | samya matur ing nata | yèn kang abdi nuwun bantu | wagugên tyasnya narendra ||

54. kabubuh wong gandhèk prapti | ingkang saking ing Wungaran | nguni dadya jêjênênge | Ki Tumênggung Jayaningrat | aran Mas Pangalasan | abdinira sang aprabu | panakawan alit mila ||

--- 17 : 40 ---

55. tanpa larapan duk prapti | makidhupuh ngarsèng nata | Mas Pangalasan ature | lawulakawula. atur uninga | dhatêng paduka nata | yèn mangke abdi sang prabu | pun Janingrat malih tingal ||

56. têluk dhatêng ing Samawis | miwah wadyèng urut marga | pan sami binêkta mangke | nungkul dhatêng ing Samarang | ing mangkya Jêng Pangeran | Pugêr sampun madêg ratu | anèng nagari Samarang ||

57. bisikanirèng narpati | Susunan Pakubuwana | Senapati Ngalagane | Ngabdurahman Sayidina | Panata ing Agama | lan ing mangke wartinipun | arsa budhal saha bala ||

58. saking nagari Samawis | anglurug mring Kartasura | sampun rêmbag punggawane | arsa mêdal ing Wungaran | anjog ing Salatiga | dene kang dadya panganjur | pangarah wadyèng Madura ||

59. ya ta wau sri bupati | miyarsa aturing wadya | sang nata asru wuwuse | hèh Apatih Sumabrata | agya mangke dandana | sira lumaku anglurug | barisa ing Salatiga ||

60. amêpêtana ing margi | miwah sagung pra punggawa | kang sami kalah yudane | kabèh sira timbalana | ngumpula lawan sira | ki apatih awotsantun | sigra jêngkar sri narendra ||

61. Patih Sumabrata aglis | sampun anêmbang têngara | gong bèri umyang swarane | orêg wadyèng Kartasura | sagung para punggawa | jawi datan ana kantun | samya tumut mring ki patya ||

62. dene kang kantun ing wuri | kang rumêksa naranata | wadyèng gêdhong kaparake | Ki Sumabrata [Sumabra...]

--- 17 : 41 ---

[...ta] glis budhal | mangkat mring Salatiga | swaraning wadya gumuruh | kadya ombaking hèrnawa ||

63. datan kawarna ing margi | wus prapta ing Salatiga | ki patih utusan age | nimbali Mandurarêja | lan Pangeran Balitar | lan Pangeran Surèngkewuh | sampun sami tinimbalan ||

64. punggawa katiga prapti | ngumpul dhatêng Salatiga | sangsaya agêng barise | punggawa ing Kartasura | Pangran Arya Mataram | baris anèng Bayawangsul | anindhihi pra santana ||

65. nahan kang lagya abaris | wadyabala Kartasura | ya ta kawarnaa mangke | Susunan Pakubuwana | Senapati Ngalaga | enjing sineba sang prabu | pêpak ingkang wadyabala ||

66. sagung punggawèng pasisir | pan sampun pêpak sadaya | Panêmbahan Madurane | lan Dipati Surabaya | myang Dipati Samarang | katri punggawa nèng ngayun | asaos ngarsa narendra ||

67. Panêmbahan Madurèki | umatur mring sri narendra | patikbratur wikan mangke | pun Tumênggung Tirtanata | ing mangkya pan pralina | tinukup dhatêng pun Abru | bêkta baris Kartasura ||

68. dene pun Abru namèki | sutane Rônggalêlana | nging maksih sumiwi mangke | dhatêng natèng Kartasura | nguni pun Tirtanata | pan kawula utus mantuk | jagani nagri Santênan ||

69. pun Ranggalêlana gusti | ingkang saos ing Samarang | sang nata pangandikane | ari êmas ing Madura | pan Si Rônggalêlana | yèn mêngkono kêna ukum | age sira sudukana ||

70. panêmbahan atur [a...]

--- 17 : 42 ---

[...tur] bêkti | wus angatag wong Madura | Ki Rôngga cinêkêl age | nulya wau sinudukan | Ki Rôngga wus pralina | murdane pinanjêr gupuh | nèng alun-alun Samarang ||

71. sang nata maksih tinangkil | sigra Tuwan Amral prapta | saking nagri Batawine | katur marang sri narendra | Amral wus tinimbalan | sapraptanira ing ngayun | sampun sami têtabean ||

72. Tuwan Amral matur aris | gusti kawula dinuta | dhatêng tuan jêndral mangke | kinèn bantoni ngayuda | dhatêng paduka nata | wong Kumpêni gangsal atus | nênggih kang kawula bêkta ||

73. lawan ature pun kaki | jêndral dhatêng sri narendra | pun Kênol dèn inggahake | dados kumisaris bêsar | lan nagari Samarang | dipun tanêmi kumêndur | yèn dados suka narendra ||

74. dene ing Japantên gusti | nênggih petor ingkang jaga | nanging taksiha lojine | myang pun Dipati Samarang | kenginga sampun sowan | yèn tan sarêng pun kumêndur | sowan dhatêng Kartasura ||

75. lawan aturipun malih | lulusa gèn saudara | lawan sang nata ing têmbe | sintên ingkang ngawonana | sampun manggih raharja | ya ta wau sang aprabu | angrojongi aturira ||

76. anênggih ing ari Kêmis | nata dènnya prajangjian | ping sanga likur tanggale | Rabingulakir kang wulan | taunipun Jimawal | Tuwan Amral nêrat gupuh | akarya buk prajangjian ||

77. sigra kang têngara muni | sanjata mriyêm lir gêrah | sang nata alon wuwuse |

--- 17 : 43 ---

ari êmas ing Madura | sagung para punggawa | sira undhangana gupuh | padha dandana ing yuda ||

78. sagung bupati pasisir | kabèh sira timbalana | panêmbahan lon ature | pukulun abdi narendra | sampun pêpak sadaya | miwah sadêdamêlipun | ing yuda sampun samêkta ||

79. angandika sri bupati | yèn wus pêpak kang punggawa | padha undhangana kabèh | ing dina Soma saosa | sagêgamaning yuda | ingsun arsa budhal nglurug | mring nagarèng Kartasura ||

80. panêmbahan matur aris | lan Dipati Surabaya | anuhun duka sang katong | lamun suwawi ing karsa | kangjêng sri naranata | sampun tumindak anglurug | gusti ecaa kasukan ||

81. wontên nagarèng Samawis | dene kang nanggulang yuda | angrurah Kartasurane | sampuna dene kawula | lan pun kakang Jangrana | sampun sumêlang sang prabu | bêdhahe ing Kartasura ||

82. tan lêga rasaning ati | yèn dèrèng atamèng jaja | lan natèng Kartasurane | arsa kantarana asta | atakêra ludira | dahat purun gênti lawung | saking sakite kang manah ||

83. yèn kawula lanang jurit | antuk barkat sri narendra | yèn sampun bêdhah sang katong | nagari ing Kartasura | nuntên wangsul patikbra | dhatêng Samarang pukulun | amondhongi sri narendra ||

84. sang nata ngandika aris | lah iya ingsun tarima | ari êmas pasihane | myang Dipati Surabaya | anging ta sêdyaningwang | matya urip ayun wêruh | marang alang ujurira ||

85. punggawa [pungga...]

--- 17 : 44 ---

[...wa] kalih wotsari | kang langkung dening mangrêpa | konjêm pratala mukane | ciptanira ing wardaya | tan kenging mangsulana | saking sangêt sih sang prabu | punggawa kalih smu waspa ||

86. sigra jêngkar sri bupati | kondur dhatêng pasanggrahan | kang nangkil wus bubar kabèh | tan winarna solahira | ya ta ing dina Soma | kang wadya pêpak supênuh | kadya ombaking samudra ||

87. miwah sagung pra dipati | pasisir pêpak sadaya | warna-warna gêgamane | myang wong Sampang Surabaya | busananira abra | pating prêngangah dinulu | lir macan binasah-basah ||

88. tanapi wadya Kumpêni | sampun samêkta ing yuda | Walandi tata barise | Bugis lan wadyèng Makasar | anambungi ing wuntat | Tuwan Amral munggèng ngayun | wus sowan mring pasanggrahan ||

89. sigra budhal sri bupati | saking nagari Samarang | sinêngkalan duk angkate | ing wiyat gêni kawayang | ing janma pan ingetang |Sengkalan: wiyat gêni kawayang ing janma (1630 A.J., 1706/1707 A.D.). gêgamanira sang prabu | tinon lir sêkar sataman ||

90. sumrêg kang bala lumaris | budhale saking Samarang | asri tinon gêgamane | akèh warnane kang bala | wong sabrang lan wong Jawa | swarane umyang gumuruh | kadi ombaking samudra ||

91. tuhu yèn ratu linuwih | têrahing ratu kusuma | putra naya gônda mangke | jumênêng satitahing Hyang | atilar purantara | nglêlana andon prang pupuh | anglurugi Kartasura ||

92. bisikanira narpati | Susunan Pakubuwana | prawignya pêkik warnane |

--- 17 : 45 ---

kèdhêp dening wadyabala | mangkya sira winarna | nitih kuda gula gêmpung | binusanan abra muncar ||

93. atata lampahing baris | kang wadya pangawat kanan | Dipati Surabayane | Panêmbahan ing Madura | wadya pangawat kiwa | kang minôngka dhadhanipun | wadya Kumpêni sadaya ||

94. dene kang munggèng ing wuri | wadyèng pasisir malatar | anggarêbêg ing sang katong | punggawa ing Kartasura | myang Patih Cakrajaya | samya lumampah ing pungkur | rumêksa ing para garwa ||

95. datan kawarna ing margi | sampun prapta ing Wungaran | amasanggrahan sang katong | sagung kang para punggawa | akarya pamondhokan | dene kang dadya panganjur | ing Lopait sampun prapta ||

96. kawarnaa komisaris | mojar dhatêng Tuwan Amral | dawêg sowan ing sang katong | yèn sêpi para punggawa | pukul satêngah lima | dawêg sami anênuhun | marang gusti sri narendra ||

97. yèn wontên pun Adipati | Samarang môngsa antuka | Tuwan Amral lon wuwuse | iya bênêr aturira | lah payo padha seba | anulya sarêng lumaku | komisaris lawan Amral ||

98. punggawa apanggih sêpi | miwah Dipati Samarang | sampun mantuk mring pondhoke | sang nata kapanggih lênggah | anulya Tuwan Amral | tumamèng ngarsa sang prabu | mêndhêt sarya têtabean ||

99. sigra Amral matur aris | pukulun atur kawula | nênggih patikbra ing mangke | anglampahi karya [kar...]

--- 17 : 46 ---

[...ya] nata | parentahipun jêndral | sanadyan dhatêng ing lampus | tan gingsir ing ngarsa nata ||

100. lêbur radèn kadi siti | wadya Kumpêni sadaya | tan atilar ing jêng katong | nanging panuwun kawula | wontêna sih narendra | dhatêng kawula pukulun | sintên kang ingarsa-arsa ||

101. wontên nagri tanah Jawi | yèn dede kêkucah nata | panuwun kawula anggèr | yèn suka galih narendra | nuhun uwos kewala | sèwu koyan kathahipun | nênggih sabên-sabên warsa ||

102. dadosa têdhèng Kumpêni | kang jaga ing naranata | sangêt pangajêng-ajênge | abdi Kumpêni sadaya | ing sih paduka nata | ya ta wau sang aprabu | tan mojar manthuk kewala ||

103. Amral sigra anênulis | angaturi kang pratôndha | yèn sampun sagah sang katong | ature wus katarima | nulya urmat sanjata | swarane asru gumuruh | ambal-ambalan ping tiga ||

104. kampita para bupati | myarsa swaraning sanjata | anarka yèn ana gawe | sigra-sigra sami sowan | dhatêng ing pasanggrahan | Amral sampun pamit mantuk | dhatêng ing pondhokanira ||

105. sagung kang para bupati | wus praptèng ngarsa narendra | sang nata alon wuwuse | dhatêng Dipati Samarang | hèh Ki Besan Si Amral | mau aseba maringsun | lan Si Kênol akalihan ||

106. wus tinutur aturnèki | gêgêtun Sang Adipatya | Suradimênggala ture | mila paduka narendra | botên [bo...]

--- 17 : 47 ---

[...tên] nimbali amba | wontêna patikbra wau | sumados lamun dhatênga ||

107. anuhun mring narapati | gusti Kumpêni punika | sakalangkung naracake | yèn rinojong aturira | nênggih sangsaya-saya | anglanjak ing aturipun | angandika sri narendra ||

108. sarya angungun narpati | sapuluh-puluh Ki Besan | apa kang cinatur manèh | apan ujar wus kaliwat | anging besuk Ki Besan | dèn ngati-ati ing kalbu | sang nata wus masanggrahan ||

109. ya ta kawarnaa mangkin | Ki Apatih Sumabrata | sampun akandêl bitinge | wus jêro lêlarenira | gêgamannya asinang | ing Kalicacing gènipun | abêbiting sawadyanya ||

110. sanjata sampun rinakit | Kiya Patih Sumabrata | sampun miyarsa wartane | yèn sang nata sampun budhal | saking nagri Samarang | tanpa wilis wadyanipun | masanggrahan ing Wungaran ||

111. punggawaglis dèn undhangi | kinèn sami samêktaa | sampun tinata barise | Ki Arya Mandurarêja | matur mring Sumabrata | dawêg miyosi prang pupuh | mêdal saking pabitingan ||

112. ki apatih anauri | pan kawula datan rêmbag | miyosi ngadilagane | nêdhaa mêmpên kewala | sajroning pabitingan | nanging kang dados panganjur | ing yuda amiyosana ||

113. lamun kasoran ing jurit | ngungsia jro pabitingan | lan sanak manira kabèh | dèn sami ngantêp ing yuda | utamane wong priya | pêjah madyaning prang pupuh |

--- 17 : 48 ---

manggih swarga adi mulya ||

114. myang sagung para bupati | ajana tilar galanggang | miwah para mantri kabèh | sampun wontên kang ngucira | samadyaning ranangga | pra punggawa saur manuk | kang sêdya mungkur ing rana ||

130. Pangkur

1. Ki Apatih Sumabrata | karsanira angantêpa ing jurit | sanjata tinata gupuh | nèng baluwartinira | Arya Banyakwidhe wau kang tinuduh | dadya panganjuring yuda | lan Pangran Balitar nênggih ||

2. myang Pangeran Surabaya | pan katiga kinon miyosi jurit | sampun mangkat sawadyèku | nahan wong Kartasura | Jêng Sinuhun Pakubuwana winuwus | ingkang lagya masanggrahan | anèng Wungaran narpati ||

3. enjing anêmbang têngara | orêg wadya pangriking kuda mlingi | kriciking astra panguwuh | ing wadya kadi bêlah | kang pratala wong Pakubuwanan grêgut | myang sagung para punggawa | sami samêkta ing wèsthi ||

4. naradipati ngandika | ari êmas Madura paran kapti- | nira sapa dadya cucuk- | ing yuda kang prayoga | Panêmbahan Madura nêmbah umatur | lamun suwawi ing karsa | anak kawula tinuding ||

5. nênggih pun Suradiningrat | pan prayogi dadya panganjur jurit | angirid gêgaman sèwu | sami wong pêpilihan | akanthia Arya Jayapuspitèku | lan pun Panji Surèngrana | katri sura ing ajurit ||

6. sang nata mèsêm ngandika | sutèng ulun Suradiningrat aglis | lan Arya

--- 17 : 49 ---

Japuspitèku | myang Panji Surèngrana | lah ta sira katiga sun karya cucuk | ananging wêwêkas ingwang | yèn sira kasoran jurit ||

7. angungsia marang wuntat | aywa ngamuk eman manawa mati | nadyan tumêka ing lampus | barênga lawan ingwang | lêbur luluh ingsun datan arsa kantun | lawan sanak-sanak ingwang | kang samyasih marang mami ||

8. ya ta satriya katiga | amiyarsa pangandikaning aji | sigra anungkêmi suku | matur sarwi karuna | lêhêng abdi nata pêjaha karuhun | anèng madyaning ranangga | paduka tulus dadyaji ||

9. amêngku rat nuswa Jawa | sri narendra aglis dènnya ningali | katiga sarêng rinangkul | uwis sira mênênga | sun tarima saking sihira maringsun | lah payo sira mangkata | kang kinèn parêng wotsari ||

10. katiga wus sami budhal | saha balanira gambira sami | ing wingking sigra sumambung | Amral kang dadya dhadha | panêmbahan kang dadya pangawatipun | asisih sang adipatya | ing Surapringga prajurit ||

11. sigra budhal sri narendra | ginarêbêg ing punggawa pasisir | nitih kuda gulagêmpung | pinanganggyan tulyabra | wadyèng Pakubuwanan prayitnèng kewuh | tan têbih lan gustinira | sêdya parêng angêmasi ||

12. wadyèng Sampang Surabaya | pan sanambang angapit kanan keri | rumêksa marang sang prabu | tan milwa mring gustinya | wadyabala pasisir ingkang sumambung | gumêrah swaraning bala | awor pangriking turanggi ||

13. asrang unining gamêlan | tanpa [ta...]

--- 17 : 50 ---

[...npa] rungya pinyarsa amêlingi | awor krêbêting lêlayu | katubing samirana | bala Pakubuwanan sura anggrêgut | ya ta wau kawarnaa | kang dadya cucuking jurit ||

14. Rahadèn Suradiningrat | lawan Arya Jayapuspita nênggih | wus panggih sami panganjur | sigra campuh kang yuda | Pangran Purubaya nênggih mungsuhipun | lawan Pangeran Balitar | arame dènira jurit ||

15. sigra satriya katiga | sarêng mangsah ingkang katêmpuh ngisis | wong Kartasura mèh lampus | datan môngga puliha | sira Pangran Balitar sigra lumayu | angungsi mring pabitingan | sampun matur mring apatih ||

16. lamun mêngsahira prapta | Kyai Surabrata têngara aglis | bêndhe tinêmbang angungkung | têtêg kadya butula | wadyèng Kartasura prayitna ing kewuh | myang sagung para punggawa | arsa ngantêp ing ajurit ||

17. kang wadya saragni sigra | kinèn minggah dhatêng ing baluwarti | mariyêm pinasang gupuh | myang bêdhil kalantaka | sigra Radèn Suradiningrat gya rawuh | lan Apanji Surèngrana | myang Arya Japuspitèki ||

18. satriya katri umulat | lamun mêngsahira sampun bêbiting | tanpa wilangan wongipun | mojar Jayapuspita | hèh wong Surabaya mandhêga karuhun | apan dudu bobotira | angrangsang ing baluwarti ||

19. padha ngêntèni kang wuntat | Tuwan Amral myang gusti sri bupati | Panji Surèngrana muwus | sampun kakèhan akal | nadyan kathah wong Kartasura ngong purun |

--- 17 : 51 ---

kakang paduka nèng wuntat | kawula kang nacak dhingin ||

20. ciptaning manah kawula | yèn ngong bobot mêngsah kalawan ing sih | ing narendra kirang mungsuh | mèsêm Jayapuspita | Radèn Suradiningrat mèsêm amuwus | alêrês ujar punika | sigra angatag ing dasih ||

21. sumahab wong Surabaya | lawan wadyèng Madura golong pipis | wong Kartasura agupuh | kang mariyêm pinasang | swaranira pinirsa lir gunung rubuh | myang sanjata kalantaka | kang sênapan sarêng muni ||

22. pêtêng madyaning ranangga | apan dhêdhêt dening kukusing bêdhil | wadyèng Sampang Surèngkewuh | binendrongan sanjata | nora mundur sangsaya sura dinulu | wus angrampid pabitingan | rinangsang kang baluwarti ||

23. kawarnaa sri narendra | amiyarsa têngara asru muni | sanjata lir gunung rubuh | surak mangambal-ambal | jêng sinuhun anarka yèn sampun campuh | kang samya dadya pangarsa | langkung marmanirèng galih ||

24. ginêlak lampahing bala | sampun prapta nênggih ing Kalicacing | Kumpêni lumampah ngayun- | nira sri naranata | wadyèng Sampang miwah bala Surèngkewuh | katingal marang sang nata | yèn sampun angrangsang biting ||

25. bala Kumpêni rinangsang | wadyèng Kartasura parêng bêdhili | akathah kang nandhang tatu | wong Sampang Surabaya | Panjya Surèngrana awas dènnya dulu | lamun wadyanira surak | kalangkung bramatyèng ati ||

26. têdhak saking luhur kuda | Radyan Suradiningrat [Suradining...]

--- 17 : 52 ---

[...rat] datan kari | myang Arya Japuspitèku | mangsah sahasru mojar | hèh wong Surabaya ajana kang mundur | lah payo sira idêka | aywa mundur ing ajurit ||

131. Durma

1. wadyèng Sampang Surabaya kang sumahab | angrêbat baluwarti | sigra ingunggahan | samya lantaran watang | dènnya samya ngrangsang biting | bala ing Karta- | sura pêngkuh ing jurit ||

2. datan ana kang sêdya angundurana | bêdhil wus tanpa dadi | rame dènnya yuda | tarung watang kewala | pating barêkuh swarèki | dènira aprang | samya angrêbut biting ||

3. kawarnaa ing wau sri naranata | karsa ngawaki jurit | saking wlas umiyat | marang ing wadyanira | ing Sampang myang Surawèsthi | dènnya kalintang | kangelan rêbut biting ||

4. dening dahat dènnya kêkathahên lawan | dadya sri narapati | mêpak wadyanira | wong Kapakubuwanan | anggrêgut atap sumiwi | nèng ngarsèng nata | Ki Cakrajaya Patih ||

5. wus sumiwi munggèng ngarsaning narendra | asaos karsa aji | lan Ki Wirancana | myang Ki Wirasantika | Kya Citrasoma tan kari | samya nèng ngarsa | linggih rada kapering ||

6. ngandika sang prabu mring Wirasantika | hèh Subah tanya mami | iya kakangira | Si Malim tan katingal | kang tinanyan awotsari | inggih sang nata | abdi dalêm pun Malim ||

7. bêbêdhilên dahat sangêt sukunira | datan sagêd lumaris | gêgêtun kalintang | wau sri naranata | angandika mring apatih | wus karsaning Hyang | Si Malim wus pinasthi ||

--- 17 : 53 ---

8. adoh bêgjane iku wus karsaning Hyang | ora dadi bupati | sigra sri narendra | majêng mangsah ing rana | akarsa ngantêp ing jurit | yèn kasorana | ing yuda sri bupati ||

9. karsanira suka seda madyèng rana | Ki Palèrèd pinusthi | nèng ngarsa narendra | myang dhuwung Mesanular | cinothe munggèng ing keri | kang wadya Sampang | myang bala Surawèsthi ||

10. kang rumêksa ing kangjêng sri naranata | umulat mring sang aji | yèn karsa narendra | angawaki ing yuda | sira mangsah anglancangi | mring ngarsa nata | agya ngunggahi biting ||

11. tandangira lir singalodra mamôngsa | sarêng dènnya nginggahi | miwah Tuwan Amral | Sapilman sigra ngatag | marang ing wadya Kumpêni | sarêng umangsah | anêmpuh ing ajurit ||

12. wadyèng Kartasura apanggah ing yuda | Ki Sumabrata Patih | umunggwing ing wuntat | lan Kya Mandurarêja | eca lênggah dèn payungi | ya ta Ki Arya | Jayapuspita aglis ||

13. wus malêbêt sajroning biting ki arya | myang sira Ki Apanji | Surèngrana lawan | Radèn Suradiningrat | wadya Sampang Surawèsthi | sarêng tumêdhak | marang sajroning biting ||

14. Kyai Patih Sumabrata awas miyat | yèn wadyèng Surawèsthi | myang bala Madura | wus umanjing sadaya | anèng salêbêting biting | Kya Sumabrata | langkung dukanirèki ||

15. sigra anrêgakên kang wadya sadaya | bala Kartasuraglis | parêng nêmpuh lawan | para mantri sadaya | sarêng mangsah ing

--- 17 : 54 ---

ajurit | wadyèng Madura | miwah wong Surawèsthi ||

16. datan gingsir kalih sura ing ayuda | rame dènnya ajurit | pan tumbak-tinumbak | wênèh pêdhang-pinêdhang | putung watang narik kêris | rukêt ing yuda | sami kêris-kinêris ||

17. bala Sampang Surabaya tandangira | lir danawa tuk daging | anuduk anigas | rusak wong Kartasura | sirarya Japuspitèki | pangamukira | angiwud gêgirisi ||

18. myang Apanji Surèngrana tandangira | angamuk ngobrak-abrik | gumêr madyèng rana | swara pindha kiyamat | sêsambate kang wong kanin | sira ki arya | muka akuthah gêtih ||

19. pira-pira wong Kartasura kang pêjah | wangke atap atindhih | lir pacing babadan | wong Sampang Surabaya | kacaritakèh ngêmasi | ngidak kewala | mring rowange kang urip ||

20. kadi yaksa kang kari pangamukira | suranya amêwahi | dènnya rêbat mêngsah | giris wong Kartasura | ningali wong Surawèsthi | miwah kang dadya | pangawat anglancangi ||

21. panêmbahan wus ngobongi Tingkir agya | myang Dipati Srawèsthi | angatag barisnya | Kya Patih Sumabrata | awas dènira ningali | yèn bitingira | linangkung ing ajurit ||

22. gya angingêrakên turangganirenggal | miwah pra punggawaglis | wus samya malaywa | arêbat uripira | ki apatih datan kari | wadyalit samya | sasaran rêbut urip ||

23. bala Sampang gumuruh gora asurak | kadya karêngèng

--- 17 : 55 ---

langit | myang wong Surabaya | sinusulan sanjata | marang ing wadya Kumpêni | pan wong Walônda | sarêng dènnya bêdhili ||

24. saya gugup wau ing palayunira | wong Kartasura nênggih | ya ta kawarnaa | santana Kartasura | kang baris malêdug sami | pêpak sadaya | banjêng barisirèki ||

25. Pangran Arya Mataram ingkang minôngka | senapati ajurit | apan jangjinira | pangran lawan kang putra | apan sanggupipun wani | nanggulang yuda- | nya ingkang madêg aji ||

26. nèng Samarang gènira umadêg nata | de pangêbangirèki | nata mring kang paman | Pangran Arya Mataram | kalamun mênang kang jurit | sinungan bang-bang | alum-alum nagari ||

27. lan sadhêdhak mrange nagri tanah Jawa | sinrahakên sakèhing | dhatêng ingkang paman | Pangran Arya Mataram | kalawan sinungan sabin | cacah salêksa | marmagêng ingkang galih ||

28. kang gêgaman samana pan amalatar | kang nèng balêdug nênggih | kang para santana | lagya apagunêman | lawan kang dadya têtindhih | Pangeran Arya | Mataram rêmbug jurit ||

29. Ki Apatih Sumabrata sigra prapta | lan para punggawèki | ingkang kawon samya | dènnya prang Salatiga | gègèr wadya kang abaris | apan katunjang | palaywanya ki patih ||

30. panyananya mungsuhira ingkang prapta | gègèr puyêngan sami | Patih Sumabrata | wus cundhuk lan Pangeran | Arya Mataram siraglis | sigra têtanya | mring Sumabrata patih ||

--- 17 : 56 ---

31. kadipundi Ki Sumabrata kang warta | de sigra-sigra prapti | kang tinanya mojar | anggèr tiwas kawula | amêngsah wong Surawèsthi | lan wong Madura | sarta wadya Kumpêni ||

32. atêtindhih Amral namaning Walônda | saha bala wong Bugis | Ambon myang Makasar | lir plawagapalwaga. tandangnya | dènnya ngrangsang balowarti | myang wong Madura | lan wadya Surawèsthi ||

33. pangamuke datan kandhêg binêdhilan | kadange pun Dipati | Surapringga ingkang | dados têtindhihing prang | kêkalih sami prajurit | katiga suta- | ning Cakraningrat nênggih ||

34. pan katiga angiwud pangamukira | tan pasah ing brajèki | giris ulun mulat | tan kenging pinoponan | solah lir wong naur sêngit | miwah kang wadya | pasisir angêbêki ||

35. jêng pangeran mirsaturing Sumabrata | langkung angrês ing galih | pangran lon atanya | pintên kathahing rencang | kang sami pêjah ing jurit | matur apatya | dhuh anggèr ingkang mati ||

36. pan atusan agêng alit ingkang pêjah | anèng madyaning jurit | myang mêngsah kathahnya | pralina ing paprangan | atusan yèn winatawis | pan lagya eca | pangeran dènirangling ||

37. pan kasaru têliknya pangran kang prapta | aran pun Wiragati | tumamèng byantara | pangran andangu enggal | lah kayaparan ing mangkin | ing lakunira | Wiragati sun tuding ||

38. saha sêmbah Wiragati aturira | inggih kawula gusti | sampun ulun kesah | anêlik lampah amba | maspaosakên [ma...]

--- 17 : 57 ---

[...spaosakên] lampahing | raka paduka | ingkang umadêg aji ||

39. pan ing mangke sampun wontên Salatiga | raka tuwan sang aji | sampun masanggrahan | saha wadyabalanya | miwah punggawèng pasisir | pêpak sadaya | nèng Salatiga sami ||

40. ingkang dadya pamugêran ing ayuda | panêmbahan anênggih | ing Madura lawan | Dipati Surabaya | dadya gul-aguling jurit | saaturira | dhinahar ing narpati ||

41. pun Dipati Jangrana saha sabala | tigang èwu prajurit | sami timbul ing prang | miwah pun Cakraningrat | Panêmbahan Madurèki | apan ambêkta | wong tigang èwu malih ||

42. ran wong dulangmangap pan ingkang binêkta | miwah wadya Kumpêni | wontên Salatiga | pênuh ngèbêki papan | wong Ambon Makasar Bugis | dening rêmbagnya | kangjêng sri narapati ||

43. myang punggawa lamun kasoran ing yuda | tan mundur mring Samawis | karsanya sadaya | nêdya lêbu dahana | lamun tan bêdhah anênggih | ing Kartasura | tanpa dandanan nênggih ||

44. sampun gilig pirêmbagipun sadaya | sagung para dipati | tuwin para putra | Dipati Surabaya | lawan panêmbahan nênggih | Anyakraningrat | apan sampun agilig ||

45. wus anêdya sami pêjaha ing yuda | bupati kalih nunggil | lan raka paduka | kangjêng sri naranata | nêdya rêmpu wor lan abdi | suka sedaa | anèng madyaning jurit ||

46. ya ta Pangran Arya Mataram duk myarsa | aturing duta [du...]

--- 17 : 58 ---

[...ta] nênggih | langkung ngênêsing tyas | pangran ical manahnya | Ki Sumabrata wus pamit | matur saksana | marang Kartasurèki ||

47. sakathahe punggawa ing Kartasura | kang sami kawon jurit | wus mantuk sadaya | dhatêng ing Kartasura | tumut dhatêng Ki Apatih | Kusumabrata | lir dhangdhang kang ing wuri ||

105. Pangeran Arya Mataram nungkul dhatêng ingkang raka Sinuhun Pakubuwana. Ingkang Sinuhun Amangkurat oncat saking kadhaton

132. Dhandhanggula

1. kawarnaa wau ingkang kari | kang abaris ing Balêduk ika | Pangran Arya Matarame | lali ubayanipun | saking sangêt angrês ing galih | dadya pikir jro nala | angur baya ingsun | akaryaa kabêcikan | bêcik dhingin mring kangmas kang madêg aji | sigra nulya putusan ||

2. abdi karakêt ingkang tinuding | ingkang nama pun Wôngsamênggala | pangran wus têlas wêlinge | caraka wus lumaku | tan kawarna lampahing margi | sampun prapta ing Sala- | tiga kang jinujug | Panêmbahan ing Madura | sira Wôngsamênggala sampun apanggih | lan Panêmbahan Sampang ||

3. sampun katur kabèh kang wêwêling | Kangjêng Pangeran Arya Mataram | panêmbahan tustha tyase | duta binêkta gupuh | sowan ing pasanggrahan aji | wau kang kawarnaa | kangjêng sang aprabu | Sinuhun Pakubuwana | apan lagya sinewa ing para abdi | Kya Patih Cakrajaya ||

--- 17 : 59 ---

4. sampun sowan munggwing ngarsa aji | ajajar lawan Sujanapura | miwah Ki Wirancanane | myang Wirasantikèku | lan Tumênggung Citrasomèki | Kya Dipati Jangrana | munggwing ngarsa prabu | lawan Dipati Samarang | angandika aris sang sri narapati | hèh Ki Besan Samarang ||

5. wadyèng Sampang lawan Surawèsthi | panarkaningsun kasoran yuda | duk aprang rêbut bitinge | yèn kasora ing pupuh | karsaningsun arsa ngawaki | jurit belani rowang | Japuspita matur | pan abdi dalêm sadaya | sampun nolèh kêkathahên mêngsah jurit | nuntên kawula mêngsah ||

6. nênggih kalihan pun yayi Panji | katiga pun Suryaadiningrat | katri pan sarêng lêbête | ing pabitinganipun | mêngsah dalêm Kartasurèki | sigra abdi sadaya | agya malih purun | samya mamuk ambêk pêjah | mêngsah dalêm wong Kartasura nangguhi | caruk dhuwung kewala ||

7. abdi dalêm pan akathah kanin | wong Kartasura akathah pêjah | asusun tindhih wangkene | langkung suka sang prabu | amiyarsa aturirèki | Arya Jayapuspita | wus pinaring dhuwung | tuwin Dyan Suradiningrat | myang Apanjya Surèngrana punggawa tri | wus ginanjar busana ||

8. Dyan Panêmbahan Madura prapti | tumamèng ngabyantarèng narendra | manêmbah suku sang age | lunggwèng ngarsa sang prabu | panêmbahan umatur aris | patikbratur uninga | rayinta sang prabu | Pangeran Arya Mataram | pan utusan dhumatêng kawula mangkin | punika ingkang [ing...]

--- 17 : 60 ---

[...kang] duta ||

9. angandika sang sri narapati | hèh duta ingutus apa sira | mring ari mas Matarame | punang duta umatur | pan kawula dinuta gusti | dhatêng rayi paduka | atur bêktinipun | kalawan kang pêjah gêsang | rayi nata karsa nungkul ing narpati | sêdya prang gêgorohan ||

10. punapa malih padhanging margi | sampun awalangdriyèng narendra | inggih rayi paduka gèr | kang mêngakakên ênu | kapanggih ing ari narpati | sang nata suka myarsa | duta aturipun | sinuhun alon ngandika | yèn mêngkono ari mas ing mêngko eling | wurung ngayoni mring wang ||

11. lah uwis sira muliha aglis | duta matura ing gustinira | lamun mangkono karsane | dhimas sêdya anungkul | marang ingsun luwih abêcik | ingsun dahat tarima | dhimas têlukipun | Wôngsamênggala tur sêmbah | sigra mêsat saking ing ngarsa narpati | sigêgên kang caraka ||

12. pêndhak enjing budhale sang aji | balakuswa swaranya gumêrah | datan owah ing tatane | wong Madura anggrêgut | kadya saban dènnya lumaris | Amral kang dadya dhadha | de ing kerinipun | Panêmbahan ing Madura | kang ing kanan dipati ing Surawèsthi | saha wadya sumahab ||

13. dene kang dadya pucuking jurit | para putra Madura kalawan | pra kadang Surabayane | ya ta ingkang winuwus | sira Pangran Arya Matawis | wus anata gêgaman | saking ing Balêdug | praptèng Kênthèng barisira | yèn dinulu tanpa [ta...]

--- 17 : 61 ---

[...npa] wilangan kyèhnèki | bala ing Kartasura ||

14. sigra prapta wadyèng Surawèsthi | tan antara têmpuh ing ayuda | tuwin wadya Madurane | lwir singa tandangipun | dhadhal bala Kartasuraglis | gya senapatinira | malaywa karuhun | wadyalit parêng lumaywa | apan sami rêbat koripan pribadi | dahat asalin tunjang ||

15. kadi bêlah swarane kang bumi | dening gadêbêging wong lumajar | akèh mutunge watange | wong Sampang Surèngkewuh | apan sangêt dènnya angungsir | wênèh sami bêbandhang | wau kang winuwus | Ki Tumênggung Wiraguna | abêbiting nèng Asêm sakancanèki | gêgamannya malatar ||

16. baluwartinira wus rinakit | apan Susunan Mangkurat Êmas | ngawaki jurit karsane | ing Asêm dènnya mêthuk | ing yudane kang paman nênggih | arêrêmpon karsanya | wau sang aprabu | anèng salêbêting kitha | apan sampun agêganjar ingkang abdi | wau sri naranata ||

17. miwah kang wong kadipatèn lami | apan sampun ginanjar sadaya | sabuk wastra kulambine | pira-pira kang mêtu | donya saking sajroning puri | miwah busanèng yuda | kang saryadi luhung | gambira wong Kartasura | gènnya baris pêpak anèng pôncaniti | samya prayitnèng baya ||

18. abra sinang busananing mantri | amung kang tansah ingarsa-arsa | Pangran Arya Matarame | ingkang nanggulang kewuh | dene [de...]

--- 17 : 62 ---

[...ne] senapatining jurit | mugi-mugi lananga | pangran yudanipun | amêngsah wong Surabaya | pan sanggupe dhatêng kang putra sang aji | sagah nanggulang yuda ||

19. dahat purun aprang rêbut jodhi | ananggulang ing wong Surabaya | mila pinupu besane | iya marang sang prabu | pinrih sumungkêma kang galih | marma Dèn Ajêng Wulan | pinanggihkên dangu | lan putra Kamataraman | Radyan Suryataruna ingkang wêwangi | sang dyah akrama paman ||

20. apan samya sih-sinihan sami | mila sang nata ngandêl kalintang | mongsorawrata galihe | marang ing putranipun | kadang lawan atmaja yêkti | pasthi awrat ing putra | myang sihira langkung | sang nata maring kang paman | sakèh wadya tan wontên nyana ing galih | lamun Pangran Mataram ||

21. ing mangke darbe miring ing galih | lagya eca dènnya nata bala | apan kasaru dhatênge | mantri kang kapalayu | myang sagung pra santana sami | Balêdug wus lumajar | anut ing margagung | anunjang ing pabarisan | panunjange pati-pati bêbêntusi | Pangran Arya Mataram ||

22. praptèng Asêm asru dènirangling | hèh wong Kartasura mêngko sira | lah padha bubara kabèh | lumayua sirèku | padha sira rêbuta gusti | sapa bature baya | kendhange gustimu | iya kabèh wruhanira | apan ingsun iki pan datan kawawi | amungsuh wong Madura ||

23. sigra Kyai Wiraguna aglis | dyan angingêr wau kudanira | nandêr mring kadhatyan [ka...]

--- 17 : 63 ---

[...dhatyan] age | wadya sami kalulun | maring Pangran Arya Matawis | wus tumamèng jro pura | panggih lan Sang Prabu | Sinuhun Êmas Mangkurat | jêng pangeran têbah jaja sarya angling | asru dènira ngucap ||

24. anak prabu pun bapa puniki | ing mangke tiwas kawon ing yuda | amêngsah dede bobote | abdi nata kèh lampus | saking kathah mêngsah ajurit | apan kêdhiking rencang | gèn nadhahi mungsuh | bilih kasêlak ing lampah | mêngsah dika punika kula watawis | sadintên mangke prapta ||

25. kang mêngsah datan kêna winilis | ayutan wêndran kathahing mêngsah | dening rama dika mangke | inggih kawula dulu | sampun lali yèn mêngsah siwi | kalimput kawibawan | tang-etanganipun | watêk wong angêmut gula | kamanisên karaos manising gêndhis | miwah kang dede bôngsa ||

26. wadya Bugis Makasar Walandi | miwah Ambon pan kagila-gila | anèng palagan tandange | dahat ngantêp pêpurun | datan agop dènnya bêdhili | sampuna emut kula | yèn tilar sang prabu | upami kula popoa | kalampahan kadi pun bapa ngêmasi | saking suraning mêngsah ||

27. Sampang kalawan ing Surawèsthi | malah sêsumbare Cakraningrat | kalihan pun Jangranane | hèh batur wêkas ingsun | iya lamun olèh sirèki | santana Kartasura | poma wêkas ingsun | ajana sira prajaya | wudanana atanapi yèn sang aji | kasambuta ing rana ||

28. iya

--- 17 : 64 ---

sira wudanana ugi | dèn age tunggangêna maesa | bari mungkur panunggangge | sarêng myarsa sang prabu | ing sakèhe aturirèki | Pangran Arya Mataram | gugup ing tyasipun | ing wau sri naranata | ingkang paman asangêt dènira angling | lah dèn enggal sang nata ||

29. dawêg sabat koripan rumiyin | anggèr pintên banggi ta ing benjang | sagêda wangsula malèh | dhatêng praja sang prabu | Kartasura nanging sok ugi | taksih urip pun bapa | kadya sagêd wangsul | môngsa ta kiranga akal | marmane ta Pangeran Arya Matawis | mangkana aturira ||

30. pinrih kang putra kendhang tumuli | dhuh anggèr suwawi dipun enggal | sampun kongsi kèh kêkècèr | kula kang anèng pungkur | ingkang dadya kawaling jurit | lan kakang mas Panular | lawan malihipun | pun paman Natakusuma | bilih-bilih kasompokkên ing lumaris | kawula kang umangsah ||

31. yudane wong Sampang Surawèsthi | sri narendra dahat kagegeran | mirsa kang paman ature | ya ta sarêng amuwus | para garwa gumêr jro puri | pra pawongan padangdan | sarta sangunipun | otêr wong sadalêm pura | gêlung lukar sêsampur wêdhar tan kèksi | parêkan kèh karuna ||

32. asêsambat maring sri bupati | wus pinasthi karsaning Hyang Suksma | sunan tar wiyang kaptine | sigra budhal sang prabu | para garwa gumêr kang tangis | sri narendra samana | miyos lawang kidul | sarwi nênggak-nênggak waspa | lampahira [lampa...]

--- 17 : 65 ---

[...hira] wus miyos saking jro puri | jêngkare sri narendra ||

33. pra punggawa taksih samya ngiring | dina Kêmis tanggal kaping sapta | Jumadilawal sasine | Jimawal taunipun | nuju katri mangsanirèki | pan mêdal ing Lawiyan | lampahe sang prabu | ngidul ngetan kang jinogan | ing Giyantèn ing Kaduwang dèn lorogi | sigêgên ingkang jêngkar ||

106. Ingkang Sinuhun Pakubuwana ngêbroki kadhaton Kartasura

34. kawarnaa sang sri narapati | Kangjêng Susunan Pakubuwana | sampun masanggrahan age | anèng desèng Balêdug | kang dèn broki lêrêp sawêngi | enjing budhal sang nata | sah bala gumuruh | wadya Kumpêni myang Jawa | pan wong Sampang Surabaya kanan keri | prasamya angrêrayah ||

35. lan ambêboyong angrêrusuhi | wong Madura minta bêbrêkatan | amudani yèn tan awèh | lêstari lampahipun | masanggrahan ing Majalêgi | samana sri narendra | Sukra dintênipun | ping wolu ing tanggalira | tunggil sasi kalawan kendhangirèki | kang putra sri narendra ||

36. samana amung gantya sawêngi | rawuhira wau sri narendra | lawan kang putra kendhange | amung rêrêb sadalu | sri narendra nèng Majalêgi | enjing anulya budhal | lampahe sang prabu | wau ingkang kawarnaa | Jêng Pangeran Arya Mataram lan malih | Pangran Natakusuma ||

37. myang Pangran [Pangra...]

--- 17 : 66 ---

[...n] Arya Panular nênggih | ingkang sami kantun nèng nagara | samyarsa mêthuk katrine | mring rawuhe sang prabu | saos sêgah karsanya sami | anèng warung Kalitan | samana gya rawuh | kang nama Amral Sapilman | wus apanggih lan Pangran Arya Matawis | myang Panêmbahan Sampang ||

38. miwah dipati ing Surawèsthi | wus sami tundhuk lawan Pangeran | Ariya ing Matarame | Amral Sapilman muwus | wontên pundi mangke sang aji | jêng pangeran ngandika | alon sauripun | wus tinutur sasolahnya | amiwiti malah dhatêng amêkasi | Amral tustha tyasira ||

39. mirsa jêng pangeran ingkang warti | ya ta sampun sami sinêgahan | sigra sami dhahar age | kang para punggawagung | miwah Amral sarêng abukti | ri sampuning punggawa | nulya prawirèku | kang sami kinèn anadhah | myang rêrêmbat apan sadaya waradin | ing sêgahe pangeran ||

40. myang pasêgahe pangeran katri | wusing waradin samya tinadhah | Tuwan Amral gya lampahe | apan anuli laju | myang dipati ing Surawèsthi | myang Panêmbahan Sampang | praptèng alun-alun | Amral gêgêtun tumingal | mring Ki Sapujagat lan Ki Gunturgêni | dening gênge kalintang ||

41. de tan kinarya mêthuk ing jurit | Tuwan Amral minggah sitibêntar | gya mring kori pamêngkange | kori kapanggih tutup | katiganya dahat tan wani | amêksa ngêngakêna | ajrih ing sang prabu | Amral Sapilman angucap |

--- 17 : 67 ---

Panêmbahan Sampang lah andika kari | lan Dipati Jangrana ||

42. manira bali mapag narpati | gya umêsat wangsul Tuwan Amral | panêmbahan ta gênahe | nèng wuri kanthinipun | adipati ing Surawèsthi | sami anata bala | panêmbahan sampun | sinasiung barisira | myang Dipati Jangrana anata aglis | mring wadyèng Surabaya ||

43. Panêmbahan Cakraningrat nênggih | kang gêgaman tinon warna-warna | kang minôngka lêlurahe | para santananipun | arasukan baludru sami | asta samya rinenda | kumitir kang kampuh | miwah bala Surabaya | tan prabeda samya abusana asri | pindha prawata sêkar ||

44. dènnya akarya sêsiung asri | wiwit ing pagêlaran pan prapta | ing Kamalayan barise | têngran sinang dinulu | asri awrata katiyub angin |Lebih satu suku kata: asri wrata katiyub angin. wong Sampang Surabaya | barise dinulu | anglir gunung kawalagar | Tuwan Amral kang wus mêthuk narapati | ing Asêm sampun prapta ||

45. sampun tundhuk lawan sri bupati | Tuwan Amral matur ing sang nata | yèn praja Kartasurane | apan kapanggih suwung | yèn suwawi lan karsa aji | manjinga ing jro pura | ngandika sang prabu | alah iya payo mangkat | sigra budhal wau sira sri bupati | gumrah swaraning bala ||

46. saha gambirèng tyas wadya alit | sri narendra anitih dipôngga | liman cinatur angsale | saking Samawis wau | mila Kya Dipati Samawis | angaturakên liman |

--- 17 : 68 ---

dhatêng sang aprabu | Raja Siyêm purwanira | atur-atur liman dhatêng sri bupati | Sunan Mangkurat Êmas ||

47. nanging Kyai Dipati Samawis | datan suka sangêt kinêkahan | dadya duta sangêt jrihe | punika purwanipun | liman katur dhatêng narpati | samana pinalanan | kang liman bra murub | sunan dènnya nitih liman | pra punggawa angapit kanan lan keri | dening dêdamêlira ||

48. wong pasisir pan sampun rumiyin | lampahira nêpungi kalawan | wadyèng Madura barise | gamêlan tinata wus | kang sênapan wus samya isi | lampahe sri narendra | praptèng alun-alun | wadyèng Sampang Surabaya | sarêng nabuh gamêlan sanjata muni | swara lir langit rêbah ||

49. gong bèri gumêr munya tinitir | kang sawênèh samya abêbêksan | wong Sampang Surabayane | gamêlan tri gumuruh | mawor kriciking astra lungid | lampahirèng narendra | pagêlaran rawuh | têdhak saking ing dipôngga | pra punggawa sadaya sumiwèng aji | myang Panêmbahan Sampang ||

50. miwah Adipati Surawèsthi | Tuwan Amral Sapilman tan têbah | miwah kang pra putra kabèh | ya ta wau sang prabu | sigra minggah marang sitinggil | lajêng dhatêng pamêngkang | nênggih ingkang pintu | maksih kinunci samana | ya ta kandhêg lampahira sri bupati | anulya Tuwan Amral ||

51. punang kunci pan tinugêl aglis | sigra mênga kang kori pamêngkang | lajêng sang nata lampahe | angadhaton [angadhato...]

--- 17 : 69 ---

[...n] sang prabu | para garwa wus manjing puri | nuju dina Jumuwah | dènnya angadhatun | Panêmbahan ing Madura | sampun matur dhumatêng sri narapati | yèn Pangeran Mataram ||

52. ing mangke nungkul ing sri bupati | akalihan Pangeran Panular | Pangran Natakusumane | katiga sampun nungkul | myang wong Kartasurakèh prapti | sigêgên sri narendra | wau kang winuwus | ing nguni sira pangeran | angabèi tinantun ing sri bupati | mring Kangjêng Susunan Mas ||

53. sagah tumut ing sabaya pati | mring susunan dupi sarêng kendhang | kang raka animpang age | animpang ing dêlanggung | lan sapônca garwanirèki | lajêng ngili samana | pangran lampahipun | dhatêng dhusun Wêdhi ika | sarêng pangadhatone sri narapati | pangran wus myarsèng warta ||

54. sigra dandan sawadyanirèki | arsa nungkul mring rama sang nata | sigra budhal tan asuwe | tan kawarna ing ênu | praptèng praja katur narpati | êntyarsa sri narendra | putraglis dinangu | apan sampun tinimbalan | prapta ing jro tumamèng byantara aji | kalih samya nêngira ||

55. tuwin ingkang para ari-ari | samya anungkêmi padèng raka | pangran ngabèi ring tyase | ngêmbêng asmu wêtu luh | dening pisahira alami | tri taun lagya mangkya | lan ari kapangguh | myang sang nata langkung tustha | ring tyasira nahan lagya samya asih | gantya kang winursita ||

56. nênggih mangsuli carita malih | duk sang nata budhal sing Samarang | nênggênah

--- 17 : 70 ---

kantun putrane | milanya kinèn kantun | anjagani nagri Samawis | pan Kumpêni samana | tan eca tyasipun | yèn tan atilara putra | sri narendra mila atilar ing siwi | nèng nagri ing Samarang ||

57. myang manawa wontên mêngsah prapti | andhatêngi narombol ing wuntat | punika mila kantune | putra andêl ing kewuh | kêkasihe kang kinèn kari | Pangeran Prangwadana | dahat têguh timbul | tan ana braja tumama | mila tinanggênah rumêksa ing wuri | tinilar lan ibunya ||

58. pan ing mangke sampun myarsa warti | yèn kang rama mênang ing ayuda | sampun ngêbroki purane | pangeran apirêmbug | lawan ibunira anênggih | arsa nusul ing rama | wus tanna pakewuh | kang ibu nuruti karsa | sigra dandan lawan sawadyanirèki | nulya alpèrès sigra ||

59. ingkang jaga nagari Samawis | ya ta matur mringmring - (hanya ada tanda cakra, wulu dan cêcak). kangjêng pangeran | dhuh atur kawula anggèr | sampun tuwan ge mantuk | lamun dèrèng dutane prapti | rama tuwan sang nata | miwah dutanipun | Tuwan Amral sami prapta | saha kintun sêrat dhatêng kula gusti | lan dika tinimbalan ||

60. sabên arsa pangran mangkat mulih | alpèrès Samarang sangêt malang | ngaturi kèndêl angkate | jangkêp pindho ping têlu | jêng pangeran kaku kang galih | nuju marêngi duka | wus karsèng Hyang Agung | saking kang rama alama | tan nimbali pangeran mêksa yun mulih | alpèrès datan suka ||

61. kajuwêtên aturing Kumpêni |

--- 17 : 71 ---

nuju pangeran marêngi duka | dhasar bang-bang pring watêke | pangran sakêdhap limut | subasita tan ana kèsthi | alpèrès tan antara | anulya sinuduk | jaja trus pan kapisanan | jêng pangeran sigra budhal tan asari | ibu dahat sungkawa ||

62. samarga tansah asangu tangis | dene wau polahe kang putra | mandah dene dêdukane | ramanira sang prabu | pan pangeran dahat tan apti | mantuka dhatêng praja | dadya tyas anglampus | dhatêng Kêdhu lampahira | Jêng Pangeran Kabakalan dèn anciki | saking jrih rama nata ||

63. kang dèn anciki punika nguni | kang aran dhusun ing Kabakalan | nênggih punika kandhane | dhusune ramanipun | sri narendra kalane taksih | ing Kapugêranira | mangkana winuwus | Jêng Pangeran Prangwadana | apan sampun angadêg barisirèki | nèng dhusun Kabakalan ||

64. wong Kêdhu suyud sadaya sami | saking jrihira mring jêng pangeran | miwah nglawana yudane | dahat tan kêna purun | sampun agêng barisirèki | pangran ywan winatara | wontên sangang èwu | sampun katur mring sang nata | lawan Amral Sapilman matur narpati | yèn Pangran Prangwadana ||

65. ing mangke nuduk bala Kumpêni | sakalangkung dukaning narendra | sigra amatah mantrine | wau ingkang tinuduh | Panêmbahan Madura nênggih | lan Dipati Jangrana | apan kinèn nusul | angêsuk Susunan Êmas | myang Dipati Sujanapura tinuding | mring Kêdhu lampahira ||

66. kinèn angipuk putranirèki |

--- 17 : 72 ---

pangeran kang anèng Kabakalan | wus umangkat sabalane | Sujanapura wau | myang dipati ing Surawèsthi | lan Panêmbahan Sampang | sarêng budhalipun | bala pasisir binêkta | Kabangkèkan dènira kandhêg abaris | warnanên Sunan Kendhang ||

67. anèng Laroh rêrêb tigang ratri | Sumabrata matur mring sang nata | lamun wadya Madurane | prapta angêsuk laku | tuwin wadya ing Surawèsthi | Sunan Êmas kampita | gègèr ing tyasipun | gya budhal sawadyanira | pan lumajêng mring Kaduwang kang dèn incih | dene punggawanira ||

68. ingkang umiring dhatêng narpati | para mantri miwah pra dipatya | ingkang sami wangsul akèh | apan sami anungkul | dhatêng panêmbahan ing mangkin | samana katarima | ing panungkulipun | sampun katur ing sang nata | langkung tustha tyasira sri narapati | sigêgên sri narendra ||

69. kang dinuta mring Kêdhu winarni | ing Kabakalan pan sampun prapta | Dipati Janapurane | ênggènira angipuk | mring Pangeran Prangwadanèki | dyan ingipuk samana | manahira tutut | Jêng Pangeran Prangwadana | tan winarna solahe pangipuknèki | pangran datan suwala ||

70. sampun anut pangran ing sakapti- | nira Dipati Sujanapura | tumulya binêkta age | maring Kartasura wus | datan ana suwalèng kapti | binêkta saha wadya- | nya tan ana kantun | awatawis tigang nambang | gêgamane kajawi rêrêmbatnèki | praptanira ing praja ||

--- 17 : 73 ---

71. katur dhumatêng sri narapati | sang nata dahat merang ing driya | ya ta kang putra sirage | sigra kinèn angukum | tan antara ingukum aglis | linawe sedanira | anèng masjid agung | kang ibu belani putra | sakalangkung dènira amêlasasih | kang miyat kèh karuna ||

72. ya ta ingkang kawarnaa malih | sira Panêmbahan ing Madura | kang ngusir Sunan Kendhange | samya ngandikan mantuk | dhatêng Kartasura nagari | tuwin ki adipatya | ing Surabayèku | mila sami tinimbalan | dene ingkang putra kendhange wus têbih | sigra Dipati Sampang ||

73. mantuk lan sapunggawèng pasisir | miwah dipati ing Surabaya | dene wong Kartasurane | ingkang sami anungkul | kang arupa punggawa mantri | pan binêkta sadaya | lampahira mantuk | lan saanak rabinira | wong ing Kartasura kabèh tanna kari | wus praptèng Kartasura ||

74. kawarnaa sang sri narapati | ya ta enjing miyos siniwaka | pêpak wadyabala kabèh | myang mantri punggawagung | Patih Cakrajaya nèng ngarsi | lan Panêmbahan Sampang | jajare alungguh | myang Dipati Surabaya | Adipati Sujanapura tan kari | munggwing ngarsa narendra ||

75. Adipati Janingrat anangkil | lawan Ki Tumênggung Citrasoma | Tumênggung Wirancanane | ika jajare lungguh | myang Tumênggung Kartanagari | pêpak para punggawa | pasisir tan kantun | Pangeran Arya Mataram | tuwin Pangran Arya Panular anangkil | Pangran Natakusuma ||

--- 17 : 74 ---

76. saha bukuh palungguhirèki | para putra pêpak ngarsèng nata | Jêng Pangran Dipati Anèm | Amangkunagarèku | wus anangkil nèng ngarsa aji | Pangeran Purubaya | jajare alungguh | lan pangran ngabèi ika | myang Pangeran Balitar ika tan kari | Pangeran Upasônta ||

77. tuwin Pangeran Dipanagari | wus anangkil munggèng ngarsa nata | konjêm ing siti mukane | angandika sang prabu | hèh ari ing Sampang Dipati | lah kayaparan iya | ing lakunirèku | ana ngêndi mêngko baya | anak prabu panêmbahan matur aris | gusti putra paduka ||

78. dhatêng Kaduwang kang dèn lorogi | lampahipun putra sri narèndra | dening punggawa mantrine | sadaya apan tumut | nanging mangke kathah kang prapti | sami nungkul sadaya | dhatêng sang aprabu | angaturakên têtêkan | naming kantun pun Mandurarêja nênggih | lawan pun Wiraguna ||

79. miwah pun Sumabrata Apatih | Mangunnagara lawan pun Arya | Tiron Gusti santanane | punika ingkang tumut | angandika sri narapati | hèh Patih Cakrajaya | ing parentah ingsun | sakèhe ingkang punggawa | anak prabu kang padha nungkul ing mami | lah padha lungsurana ||

80. iya amung Si Mangkuyudèki | asisiha lan Si Surantaka | kang dadia ing wurine | Si Natayuda iku | de Si Natakusuma mangkin | têtêpa lungguhira | lan Si Sindurjèku | pan iya iku maksiha | tumênggunge lan ari Arya Matawis | lan si yayi Panular ||

--- 17 : 75 ---

81. iku maksiha kaya ing nguni | aja owah kaya ingkang kina | duk kakang prabu jênênge | lan Si Citrasomèku | ingsun karya wadana mangkin | gêdhong kiwa têngênnya | Si Wirancanèku | lan maninge Ki Dipatya | Amangkunagara sun wèhi lêlinggih | desa wong limang nambang ||

82. myang Ki Dipati Purbayèki |Kurang satu suku kata: myang Ki Dipati Purubayèki. alêlinggiha wong tigang nambang | Ki Dipati Balitare | ya sun wèhi lêlungguh | cacahing wong tri nambang mangkin | Ki Ngabèi Lor Pasar | sun wèhi lêlungguh | desa cacah wong rong nambang | anak ingsun Ki Dipanagara mangkin | lêlungguha sanambang ||

83. tuwin Si Upasônta sun wèhi | lêlungguh desa cacah sanambang | ki patih atur sêmbahe | sigra jêngkar sang prabu | kondur marang ing dalêm puri | kacatur wadyanira | wong Kartasurèku | wus têntrêm ing manahira | pan ing mangke wuwusên sri narapati | anggêlar palamarta ||

84. ambêk santa budya sih ing dasih | datan pêgat dènnya karya dana | wong tani eca manahe | ya ta wau winuwus | Tuwan Amral wus kinèn mulih | budhal sawadyanira | kumisaris tumut | Kumpêni ingkang tinilar | kalih atus kinèn jaga ing sang aji | kapitannya satunggal ||

85. miwah sira Dipati Samawis | inggih tumut dhatêng Tuwan Amral | kinèn jaga Kumpênine | sigêgên ingkang mantuk | kawarnaa kang tilar puri | nênggih Susunan Êmas |

--- 17 : 76 ---

pan utusan sampun | mundhut bantu sri narendra | mring nagari ing Pasêdhahan siraglis | tan alami gya prapta ||

107. Sunan Kendhang (Ingkang Sinuhun Amangkurat) mundhut bantu dhatêng Pasuruan

86. kang dinuta mring Dyan Surapati | pêpatihira ingkang anama | Ngabèi Lor myang Kidule | gya budhal sang aprabu | saking ing Kaduwang nagari | kapêthuk ing Dêrmalang | lampahe sang prabu | lan dutane Surapatya | wus apanggih sang nata lawan Ngabèi | Êlor ingkang anama ||

87. Angabèi Kidul kalih sami | apamit dhatêng sri naranata | sigra lajêng sabalane | sêdya magut prang pupuh | bêdhah Kartasura nagari | wus linilan sang nata | tan kawarnèng ênu | praptèng desa Kamanggaran | kawarnaa lampahira sri bupati | lajêng mring Pranaraga ||

88. Ngabèi Kidul winarna malih | kang baris dhusun ing Kamanggaran | angrêrayah sawadyane | wong desakwèh lumayu | pan angungsi jro kitha sami | wus katur ing Dipatya | Sampang Surèngkewuh | lamun bala Pasêdhahan | andhatêngi Panêmbahan Maduraglis | nimbali para putra ||

89. atanapi pra kadangirèki | ingkang sami sura ing ayuda | kinèn samêktaa kabèh | sabusanèng prang pupuh | para putra gambira sami | tuwin para punggawa | pasisir sadarum | kinèn tumut umangsaha | ngadilaga kacarita duk ing nguni | dèrèng wontên mantuka ||

90. taksih [ta...]

--- 17 : 77 ---

[...ksih] anèng Kartusura sami | sagung punggawa pasisir ika | Ki Arya Japuspitane | Panji Surèngranèku | myang Dyan Suradiningrat nênggih | katri dadya manggala | sigra budhal grêgut | wong Sampang lan Surabaya | tan winarna lampahira sampun prapti | nênggih Warung Walônda ||

91. sigra baris sagung pra dipati | cucuking mêngsah saksana prapta | nanging pinrih daladage | mila datan pinêthuk | pinrih agêng manahirèki | wus sami jêng-ajêngan | nêngêna karuhun | Sunan Kendhang kawarnaa | sampun prapta nagara ing Pranaragi | sang natagung cangkrama ||

92. acangkrama ing wana myang warih | ingkang para sêlir kawan dasa | punjul wêwolu kathahe | kang tumut mring sang prabu | myang manggung katanggung tan kari | miwah kang pêpingitan | kathah ingkang tumut | dhumatêng ing Pranaraga | pan samarga tansah mong lulut narpati | tan môntra ngraos kendhang ||

93. praptèng Pranaraga sang narpati | ya ta mundhut wau pagrogolan | ring Radèn Pranaragane | Dyan Martawôngsa iku | wus asaos banthèng lan kancil | kidang miwah manjangan | tan buh kathahipun | buron manjing pagrogolan | sigra miyos sang nata kang para sêlir | pan binêkta sadaya ||

94. manggung katanggung munggèng ing ngarsi | sakathahe ingkang wadyabala | samya ngapit jawi bêthèk | ya ta wau sang prabu | sigra mênthang larasirèki | ingkang sangsam ingarah | panah gya tumanduk | sangsam kêna kapisanan | sira Radèn [Ra...]

--- 17 : 78 ---

[...dèn] Martawôngsa nulya aglis | manjing jro pabêthekan ||

95. punang sangsam kang kêni jêmparing | agya winêdalakên saksana | pêksanira sira Radèn | Pranaraga ing wau | sinambêlèh kaumirèki | sangsam kang kasanjata | katingal de prabu | lamun Radèn Martawôngsa | malêbèng jro ya ta duka sang narpati | gya kinèn anyêkêla ||

96. ri sampuning cinêkêl siraglis | wau sira Radèn Martawôngsa | nulya kinabiri age | nibèng siti tan emut | ingkang para putra anangis | kasaput dalu ika | mangkana winuwus | sagunging para santana | Pranaraga datan sagêd aningali | langkung sakit kang manah ||

97. dene akêdhik dosanirèki | sigra dandan kang para santana | asoroh amuk karsane | apan ta sampun rêmbug | pra santana sawênèh angling | prandene Kartasura | ing mêngko pan uwus | ana kang jumênêng nata | ambêg manah raharja asih ing dasih | ngapura ing adosa ||

98. lan asih ing wadya tuhu yêkti | asabar tur alila ing donya | asih ing pêkir miskine | iki jênênging ratu | jajalaknat ingsun arani | lah payo batur padha | ta ingamuk purun | nulya sami age kesah | maring wana akambu apacak baris | bala ing Pranaraga ||

99. sadaya arsa angamuk wani | ya ta Ki Apatih Sumabrata | sampun uningèng wadine | lamun arsa dèn amuk | mring pra putra ing Pranaragi | sigra matur sang nata | kampita tyas prabu |

--- 17 : 79 ---

langkung gugup nalanira | nulya budhal dhatêng Madiun angili | wadyalit kathetheran ||

100. pating bacècèr akèh kang kari | kang kacandhak nulya pinêjahan | wong Kasunanan kèh longe | kang anêmahi lampus | pan anggrêgut wong Pranaragi | wus ngadêg barisira | Susunan Mas sampun | prapta ing Madiun sira | apan sampun sami jêng-ajêngan jurit | lan bala Pranaraga ||

101. ing wana Gêgêlang dènnya jurit | arame dènnya prang long linongan | wadyalit kèh pêpatine | kunêng gantya winuwus | para putra Madura sami | tanapi para kadang | ing Surabayèku | myang wong pasisir sadaya | wus acampuh arame dènira jurit | lan bala Pasêdhahan ||

102. Ngabèi Lor langkung surèng jurit | miwah Angabèi Kidul sira | langkung dening sudirane | anèng desèng Waluyu | ênggonira campuh ing jurit | rame dènira yuda | rowang lawan mungsuh | akathah pêpêjahira | pan karoban kêkathahên lawan nênggih | prange wong Pasêdhahan ||

Lajêng nyandhak jilid: 18.

--- 17 : [0] ---

Isinipun:

... Kaca:

101. Pangeran Adipati Pugêr jumênêng nata wontên ing Samarang, ajêjuluk Ingkang Sinuhun Pakubuwana. (Asmaradana, Kinanthi, Durma). ... 6

102. Ingkang Sinuhun Pakubuwana andhatêngakên kasukan kalihan para wadya. (Mijil). ... 23

103. Tumênggung Jayaningrat nungkul dhatêng Ingkang Sinuhun Pakubuwana. (Asmaradana). ... 32

104. Ingkang Sinuhun Pakubuwana ambidhalakên wadyabala nglurug dhatêng Kartasura. (Asmaradana, Pangkur, Durma). ... 38

105. Pangeran Arya Mataram nungkul dhatêng ingkang raka Sinuhun Pakubuwana. Ingkang Sinuhun Amangkurat oncat saking kadhaton. (Dhandhanggula). ... 58

106. Ingkang Sinuhun Pakubuwana ngêbroki kadhaton Kartasura. (Dhandhanggula). ... 65

107. Sunan Kendhang (Ingkang Sinuhun Amangkurat) mundhut bantu dhatêng Pasuruhan. (Dhandhanggula, Durma). ... 76