Sastra Jawa

Program Digitalisasi Sastra Daerah

  • Increase font size
  • Default font size
  • Decrease font size

Babad Tanah Jawi, Balai Pustaka, 1939-41, #1024 (Jilid 18)

Katalog:Babad Tanah Jawi, Balai Pustaka, 1939-41, #1024
Sambung:
1.Babad Tanah Jawi, Balai Pustaka, 1939-41, #1024 (Jilid 01). Kisah, Cerita dan Kronikal | Babad Tanah Jawi #1010.
2.Babad Tanah Jawi, Balai Pustaka, 1939-41, #1024 (Jilid 02). Kisah, Cerita dan Kronikal | Babad Tanah Jawi #1011.
3.Babad Tanah Jawi, Balai Pustaka, 1939-41, #1024 (Jilid 03). Kisah, Cerita dan Kronikal | Babad Tanah Jawi #1012.
4.Babad Tanah Jawi, Balai Pustaka, 1939-41, #1024 (Jilid 04). Kisah, Cerita dan Kronikal | Babad Tanah Jawi #1013.
5.Babad Tanah Jawi, Balai Pustaka, 1939-41, #1024 (Jilid 05). Kisah, Cerita dan Kronikal | Babad Tanah Jawi #1014.
6.Babad Tanah Jawi, Balai Pustaka, 1939-41, #1024 (Jilid 06). Kisah, Cerita dan Kronikal | Babad Tanah Jawi #1015.
7.Babad Tanah Jawi, Balai Pustaka, 1939-41, #1024 (Jilid 07). Kisah, Cerita dan Kronikal | Babad Tanah Jawi #1016.
8.Babad Tanah Jawi, Balai Pustaka, 1939-41, #1024 (Jilid 08). Kisah, Cerita dan Kronikal | Babad Tanah Jawi #1017.
9.Babad Tanah Jawi, Balai Pustaka, 1939-41, #1024 (Jilid 09). Kisah, Cerita dan Kronikal | Babad Tanah Jawi #1018.
10.Babad Tanah Jawi, Balai Pustaka, 1939-41, #1024 (Jilid 10). Kisah, Cerita dan Kronikal | Babad Tanah Jawi #1019.
11.Babad Tanah Jawi, Balai Pustaka, 1939-41, #1024 (Jilid 11). Kisah, Cerita dan Kronikal | Babad Tanah Jawi #1020.
12.Babad Tanah Jawi, Balai Pustaka, 1939-41, #1024 (Jilid 12). Kisah, Cerita dan Kronikal | Babad Tanah Jawi #1021.
13.Babad Tanah Jawi, Balai Pustaka, 1939-41, #1024 (Jilid 13). Kisah, Cerita dan Kronikal | Babad Tanah Jawi #1022.
14.Babad Tanah Jawi, Balai Pustaka, 1939-41, #1024 (Jilid 14). Kisah, Cerita dan Kronikal | Babad Tanah Jawi #1023.
15.Babad Tanah Jawi, Balai Pustaka, 1939-41, #1024 (Jilid 15). Kisah, Cerita dan Kronikal | Babad Tanah Jawi #1024.
16.Babad Tanah Jawi, Balai Pustaka, 1939-41, #1024 (Jilid 16). Kisah, Cerita dan Kronikal | Babad Tanah Jawi #1025.
17.Babad Tanah Jawi, Balai Pustaka, 1939-41, #1024 (Jilid 17). Kisah, Cerita dan Kronikal | Babad Tanah Jawi #1026.
18.Babad Tanah Jawi, Balai Pustaka, 1939-41, #1024 (Jilid 18). Kisah, Cerita dan Kronikal | Babad Tanah Jawi #1027.
19.Babad Tanah Jawi, Balai Pustaka, 1939-41, #1024 (Jilid 19). Kisah, Cerita dan Kronikal | Babad Tanah Jawi #1028.
20.Babad Tanah Jawi, Balai Pustaka, 1939-41, #1024 (Jilid 20). Kisah, Cerita dan Kronikal | Babad Tanah Jawi #1029.
21.Babad Tanah Jawi, Balai Pustaka, 1939-41, #1024 (Jilid 21). Kisah, Cerita dan Kronikal | Babad Tanah Jawi #1030.
22.Babad Tanah Jawi, Balai Pustaka, 1939-41, #1024 (Jilid 22). Kisah, Cerita dan Kronikal | Babad Tanah Jawi #1031.
23.Babad Tanah Jawi, Balai Pustaka, 1939-41, #1024 (Jilid 23). Kisah, Cerita dan Kronikal | Babad Tanah Jawi #1032.
24.Babad Tanah Jawi, Balai Pustaka, 1939-41, #1024 (Jilid 24). Kisah, Cerita dan Kronikal | Babad Tanah Jawi #1033.
25.Babad Tanah Jawi, Balai Pustaka, 1939-41, #1024 (Jilid 25). Kisah, Cerita dan Kronikal | Babad Tanah Jawi #1034.
26.Babad Tanah Jawi, Balai Pustaka, 1939-41, #1024 (Jilid 26). Kisah, Cerita dan Kronikal | Babad Tanah Jawi #1035.
27.Babad Tanah Jawi, Balai Pustaka, 1939-41, #1024 (Jilid 27). Kisah, Cerita dan Kronikal | Babad Tanah Jawi #1036.
28.Babad Tanah Jawi, Balai Pustaka, 1939-41, #1024 (Jilid 28). Kisah, Cerita dan Kronikal | Babad Tanah Jawi #1037.
29.Babad Tanah Jawi, Balai Pustaka, 1939-41, #1024 (Jilid 29). Kisah, Cerita dan Kronikal | Babad Tanah Jawi #1038.
30.Babad Tanah Jawi, Balai Pustaka, 1939-41, #1024 (Jilid 30). Kisah, Cerita dan Kronikal | Babad Tanah Jawi #1039.
31.Babad Tanah Jawi, Balai Pustaka, 1939-41, #1024 (Jilid 31). Kisah, Cerita dan Kronikal | Babad Tanah Jawi #1040.

Regi f 0.50

Babad Tanah Jawi

Jilid: 18

Bale Pustaka - Batawi Sèntrêm

--- 18 : [1] ---

Serie No. 1289q

Babad Tanah Jawi

Jilid: 18

Sinuhun Amangkurat Mas Kendhang. Arya Jayapuspita ambalela.

Bale Pustaka - Batawi Sèntrêm - 1940

--- 18 : [2] ---

Wêwênangipun ingkang ngarang kaayoman miturut anggêr ingkang kapacak ing Sêtatsêblad 1912 No. 600

--- 18 : [3] ---

Sunan Kendhang (Ingkang Sinuhun Amangkurat) mundhut bantu dhatêng Pasuruhan

103. dadya kasoran têmpuh ing jurit | Ngabèi Êlor sigra lumaywa | miwah Ngabèi Kidule | wong Surabaya buru | pan angetan palayunèki | anjog ing Samêdhangan | pan maksih dèn buru | arsa dhatêng Pranaraga | ya ta Angabèi Lor miyarsa warti | yèn susunan wus budhal ||

104. mring Madiun ingkang dèn lorogi | Ngabèi Kidul anulya budhal | datan kantun sawadyane | Jagaraga jinujug | bala Sampang maksih angusir | ya ta lajêng mangetan | Ngabèi Lor Kidul | ing Madiun kang jinogan | bala Sampang Surabaya maksih ngusir | Galathik kandhêgira ||

105. Angabèi Lor sampun apanggih | lawan Jêng Susunan Mas kang kendhang | dyan binêkta lajêng age | mangetan sang aprabu | wadyèng Pakubuwanan mangkin | Madiun kang binrokan | pan sampun angumpul | lan baris ing Pranaraga | lawan baris ing Surabaya anunggil | wau Susunan Kendhang ||

106. sigra lajêng angetan narpati | lampahira rêrêp anèng Daha | bala kilèn mundur age | maring Kartasurèku | kantun kang wong môncanagari | kang bang kilèn sadaya | pacak barisipun | angajêngakên ing Daha | ênêngêna kang abaris ing Kadhiri | tuwan jendral winarna ||

--- 18 : 4 ---

107. samana apan ngaturi tulis | mring Kangjêng Sunan Pakubuwana | sampun katur nawalane | pan tinupiksa sampun | ungêlipun kang punang tulis | yèn suwawi ing karsa | Kangjêng Sang Sinuhun | Susunan Êmas punika | yèn suwawi ing mangke dawêg ingusir | tinut sapurugira ||

108. punapa malih pun Surapati | linêbur saanak putunira | ingkang ingatag sakèhe | inggih wadya sang prabu | wong pasisir ika kinêrig | amrêp ing Pasêdhahan | kawula sang prabu | asaos ing karsa nata | anyaosi kang warni bala Kumpêni | inggih dhomas kathahnya ||

109. ingkang dados manggalaning jurit | pun kumisaris abdi narendra | kapanujon tyas sang katong | samana apan rêmbug | sakathahe para dipati | ya ta wau sang nata | gunêm jro kadhatun | lan Dipati Surabaya | miwah Panêmbahan Sampang munggwing ngarsi | tansah tinantun sira ||

110. tuwin Tumênggung Kartanagari | lawan Ki Apatih Cakrajaya | Dipati Janapurane | munggwing ngarsa sang prabu | myang Ki Wirancana tan kari | sang nata angandika | yayi Madurèku | lah sira angêluruga | iya maring ing Pasuruan nagari | nuli sira mangkata ||

111. mêtu ngalor ing lakunirèki | anjoga sira ing Surabaya | marma sun kon mêtu lore | de komisaris iku | kang angirid bala Kumpêni | atêmpura lan sira | ing Surabayèku | lan wong pasisir sadaya | sapanêngên iku ajana kang

--- 18 : 5 ---

kari | kabèh sira gawaa ||

112. dene Si Dipati Surabanggi | lawan Ki Dipati Purubaya | sira angluruga age | sira mêtua kidul | lah anjoga ing Pranaragi | pasisir sapangiwa | gêgawanirèku | apan sira kang minôngka | tungguling prang yudane kancanirèki | wadya ing Kartasura ||

113. sira gawaa ingkang sapalih | wong Kartasura ngiringa sira | lah nuli mangkata age | kang putra awotsantun | tan lênggana karsa ramaji | Panêmbahan Madura | prajangjeyan sampun | lan Pangeran Purubaya | prajangjine tan tulung-tinulung jurit | pangran wus pamit mêdal ||

114. sakathahe kang para bupati | wus tinundhung mantuk wismanira | tan winarna ing ratrine | enjing sanega sampun | Jêng Pangeran Purubayèki | rumiyin budhalira | sinêngkalan sampun | sirna guna rasaningrat |Sengkalan: sirna guna rasaningrat (1630 A.J., 1706/1707 A.D.). pan ingiring sawadyabalanirèki | mêdal ing Jagaraga ||

115. ing Madiun karsanya dèn jogi | pan anglorogi ingêmbat-êmbat | lampahe mêdal ing Pace | Pangran Purubayèku | Panêmbahan Madura nênggih | wus umangkat sirenggal | lan sawadyanipun | wong pasisir sapanganan | lawan sira Adipati Surawèsthi | tan kawarna ing marga ||

116. sampun prapta nagri Surawèsthi | kumisaris sampun nunggil lampah | wus ngumpul anunggil ênggèn | lan panêmbahan wau | ing Madura mangkat siraglis | dhatêng ing Pasêdhahan | lampahira gupuh | gumêrah [gu...]

--- 18 : 6 ---

[...mêrah] bala Madura | duk samana Panêmbahan Madurèki | tan sêdya ngundurana ||

133. Durma

1. dyan warnanên Dipati Wiranagara | sampun miyarsa warti | yèn wong Surabaya | tuwin wadyèng Madura | kalawan tiyang Kumpêni | saking lor prapta | dipati langkung runtik ||

2. Radyan Surapati wus nêmbang têngara | para mantri gya prapti | miwah para putra | tuwin para santana | wong Bali pêpak nèng ngarsi | wadya samêkta | sakapraboning jurit ||

3. wadyabala Pasuruan kadya singa | tandangira ngajrihi | watawis salêksa | sami wong warêg dana | sigra budhal sang dipati | saha turôngga | ingiring dening mantri ||

4. pan anggrêgut wadyabala Pasêdhahan | datan kawarnèng margi | ing Bangil wus prapta | sigra anata bala | kawarnaa kumisaris | lan panêmbahan | sampun prapta ing Bangil ||

5. miwah sira Adipati Surapringga | kumisaris ningali | lamun Surapatya | barisira malatar | kalangkung tustha ing ati | sampun tinata | barise wong Kumpêni ||

6. kumisaris Kênol ingkang dadya dhadha | panêmbahan nèng keri | minôngka pangawat | Dipati Surabaya | pangawat kanan gènnèki | para punggawa | pasisir wus pinalih ||

7. parêng nêmpuh wadyèng Sampang Surabaya | tuwin bala Kumpêni | parêng ananjata | wadya ing Pasuruan | apanggah datan gumingsir | sarêng umangsah | tan ana ngucap ajrih ||

8. ramening prang pêtêng madyaning ranangga | dening kukusing bêdhil |

--- 18 : 7 ---

bala Pasuruan | pangamuke manêngah | wadya Kumpêni bêdhili | wong Pasêdhahan | akèh longe kang mati ||

9. Adipati Wiranagara tumingal | yèn dasihe kèh mati | tuwin nandhang brana | langkung dènnya bramantya | sigra umangsah tumuli | myang para putra | tuwin kang para mantri ||

10. Radyan Surapati arsa ngawakana | jurit lawan Kumpêni | wong Bali sumahab | miwah wong Pasuruan | datan ana ngucap ajrih | lir singalodra | tandangira ngajrihi ||

11. parêng anduk Walônda bêdhili sigra | mariyêm gutuk api | myang bêdhil sênapan | bala ing Pasuruan | têguh ingurugan mimis | pating jalêmpah | wangke sungsun atindhih ||

12. Adipati Wiranagara tan kewran | binendrongan ing bêdhil | sangsaya sudira | pangamuke manêngah | wadya Bali datan têbih | lan gustinira | angamuk golong pipis ||

13. Adipati Wiranagara lir yaksa | kang tinarajang gusis | anumbak anigas | Walandi kathah pêjah | Panêmbahan Madurèki | têtulung yuda | lan punggawèng pasisir ||

14. sigra têmpuh wong dulangmangap sumahap | wadyèng Bali tan gingsir | rame dènira prang | sami watang-winatang | sawênèh kêris-kinêris | dugang-dinugang | ana bithi-binithi ||

15. ramening prang tanbuh mungsuh lawan rowang | wong Sampang lan wong Bali | kalihe sudira | sami wong warêg dana | datan ana ngucap ajrih | awor kewala | sami

--- 18 : 8 ---

lêmbing-linêmbing ||

16. ting barêkuh swaraning kang bôndayuda | myang sêsambating kanin | ana sambat biyang | awor putunging watang | braja tikêl ting carêngkling | madyèng palagan | pêtêng lir têngah wêngi ||

17. alimêngan dening kukusing sundawa | pratiwi gonjang-ganjing | langit kêlab-kêlab | surya pating samburat | wong dulangmangap kèh mati | tumpês suh sirna | ingamuk de wong Bali ||

18. kawarnaa Dipati Wiranagara | kapisah lawan dasih | barising Walônda | wau kang tinarajang | Surapati dèn bêdhili | pan ora pasah | saya mamuk mangukih ||

19. pinarbutan Dipati Wiranagara | ginitikan ing bêdhil | wus putung kang watang | sigra narik curiga | kalangkung sura ing jurit | sang adipatya | angamuk karo kêris ||

20. pinêdhangan Dipati Wiranagara | ananging nora busik | sangsaya manêngah | ngamuk nuduk anigas | bala Kumpêni siranting | pating sulayah | kadya babadan pacing ||

21. cinarita wontên kapitan satunggal | pun Pambèbèr namèki | Walandi kawasa | ing sabrang tanpa sama | tate angrurah nagari | Pambèbèr miyat | yèn kancane kèh mati ||

22. pun Pambèbèr sigra mangsah ngadilaga | cundhuk lan Surapati | kapitan têtanya | saparanmu prawira | sang dipati anauri | kapir wruhanta | ya ingsun Surapati ||

23. kang jumênêng Dipati Wiranagara | ngong prajurit sinêkti | kang ngrusak Jakarta | payo sira bêdhila | Pambèbèr narajang aglis |

--- 18 : 9 ---

Sang Adipatya | Pasuruan binêdhil ||

24. wanti-wanti binêdhilan datan pasah | malah têlas kang mimis | Radyan Surapatya | sigra malês amatang | pun Pambèbèr nora busik | putung kang watang | nulya anarik kêris ||

25. pun Pambèbèr aglis dènnya narik pêdhang | sira sang adipati | asru pinêdhangan | anging ta datan pasah | Surapati amalêsi | anuduk sigra | pun kapitan tan busik ||

26. pêdhangira kapitan pan sampun sirna | malah dadi gulali | sira sang dipatya | nyuriga dhuwung sapta | sawiji tan ana kari | kang bôndayuda | dadya banting-binanting ||

27. Surapati sigra sinaut kang jôngga | ilêrira umili | nètèsi sarira | sang adipati sigra | emut yèn patrême maksih | wontên ing êsak | wus ingambil tumuli ||

28. dan tinarik Pambèbèr ginoco sigra | dhadhane trus ing gigir | niba kapisanan | kumisaris tumingal | yèn Pambèbèr angêmasi | angrês ing nala | ya ta kasaput wêngi ||

29. tuwin wadyabala Sampang kathah pêjah | wong dulangmangap ênting | sira panêmbahan | sampun mundur lon-lonan | nging Dipati Surawèsthi | kang maksih aprang | rame rok silih ukih ||

30. winastanan dènnya aprang gêgorohan | dhatêng ing kumisaris | ginarit ing nala | apan tiyang Madura | akathah wonge kang mati | tuwin Walônda | akêdhik ingkang kari ||

31. nanging balanira Dipati Jangrana |

--- 18 : 10 ---

tan ana kang ngêmasi | warnanên Dipatya | Wiranagara sira | sampun amundhut turanggi | arsa mundura | ingkang wayah wus wêngi ||

32. pun Pakeling wastane turangganira | sigra dipun titihi | Walandi nanjata | sênapan lan gurnada | mariyêm lan gutuk api | pan sarêng munya | ya ta sang adipati ||

33. duk samana kêna ing mimis kancana | walikate kang keri | kagyat sang dipatya | datan pasah ing jaba | ing jro kang karaos sakit | Sang Adipatya | Wiranagara runtik ||

34. pun Pakeling sigra ingingêr mring ngarsa | arsa ngamuka malih | sagung pra santana | sigra angrangkul pada | ana anyandhak kêndhali | sami karuna | ature ngasih-asih ||

35. para mantri sami umatur sadaya | sami atawan tangis | gusti sang dipatya | sampun umagut yuda | kang wanci pan sampun wêngi | ing benjang-enjang | dawêg ajurit malih ||

36. sang dipatya wêlas mulat para putra | sigra mundur tumuli | ingiring kang bala | ya ta kang kawarnaa | sira tuwan kumisaris | lan panêmbahan | kalangkung ngrês ing galih ||

37. sampun mundur barise tiyang Madura | tuwin bala Kumpêni | Panêmbahan Sampang | pan sampun aputusan | dhatêng nagri Pranaragi | Pangran Purbaya | pan ingaturan malih ||

38. panêmbahan sarwi ngaturi uninga | lamun kasoran jurit | bala Sampang rusak | Walandi kathah pêjah | mila pangran dèn aturi | mantuk mring praja | bilih

--- 18 : 11 ---

tiwas ing jurit ||

39. kawarnaa Jêng Pangeran Purubaya | sampun praptèng Gulathik | Jêng Susunan Êmas | abaris anèng Daha | pun Katawêngan Kadhiri | kinèn mapaga | yudanira kang rayi ||

40. sigra budhal Ki Tumênggung Katawêngan | praptèng dhusun Gulathik | wus ayun-ayunan | lawan kangjêng pangeran | punggawa Kartasurèki | sampun prayitna | sampun rumêksèng gusti ||

41. barisira pan sami ayun-ayunan | kasaru duta prapti | saking Kartasura | utusane kang rama | timbalane sri bupati | Ki Sumabrata | tinon ngipuk tumuli ||

42. Jêng Pangeran Purbaya sampun utusan | dhatêng nagri Kadhiri | saha mawi sêrat | punang dutaglis mêsat | prapta ing Daha nagari | Ki Sumabrata | apan sampun kapanggih ||

43. punang sêrat anulya wau tinampan | tinupiksa tumuli | ungêling nawala | hèh uwa Sumabrata | dika ngandikan ramaji | kinèn mantuka | dhatêng Kartasuraglis ||

44. kangjêng rama arsa malês sih andika | milane dadi aji | saking ing andika | duk wontên Pabêthèkan | andika kang ngisin-isin | nulya jêng rama | anêkung mring Hyang Widi ||

45. mangke sampun tinêkan dening Hyang Suksma | lulus jumênêng aji | anèng Kartasura | Ki Patih Sumabrata | miyarsa ungêling tulis | mijil kang waspa | saking sihe narpati ||

46. sigra dandan ing saputra garwanira | nulya minggat ing ratri | tan kawarnèng marga | wus praptèng pabarisan | lan pangeran [pa...]

--- 18 : 12 ---

[...ngeran] wus apanggih | Ki Sumabrata | kinèn lajêng siraglis ||

47. mantuk marang nagari ing Kartasura | wus binêktanan mantri | pan kinèn rumêksa | dhatêng ing Sumabrata | prapta ing Kartasurèki | katur ing nata | ngandikan dhatêng puri ||

48. Ki Apatih Cakrajaya tinimbalan | sampun prapta ing ngarsi | sang nata ngandika | hèh Patih Cakrajaya | ing mangke parentah mami | Si Sumabrata | tunggala lan sirèki ||

49. sun paringi lêlinggih desa sanambang | ki patih awotsari | tan lêngganèng karsa | sigra Ki Sumabrata | binêkta mêdal tumuli | prapta ing jaba | sampun binêkta mulih ||

50. kawarnaa Pangran Dipati Purbaya | campuh dènira jurit | lan bala ing Daha | Tumênggung Katawêngan | ingkang dadya senapati | rame dènnya prang | anèng desa Gêlathik ||

51. sakathahe punggawa ing Kartasura | myang bupati pasisir | kalangkung sudira | wadyabala ing Daha | anulya angidak wani | gêmpang suh sirna | wong Kadhiri kèh mati ||

52. Ki Tumênggung Katawêngan wus lumaywa | prapta nagri Kadhiri | matur mring sang nata | lamun kasor ing yuda | balanira akèh mati | Susunan Êmas | langkung gugup tyasnèki ||

53. sri narendra wus lumaywa ngidul ngetan | sawadyanya angiring | Pangeran Purbaya | praptèng kilèn bangawan | arsa ngêbroki Kadhiri | sawadyanira | kasaru duta prapti ||

54. saking Sampang wus cundhuk kangjêng pangeran | sigra matur wotsari | kawula dinuta | dhatêng rama paduka |

--- 18 : 13 ---

Panêmbahan Madurèki | atur uninga | yèn mangke sor kang jurit ||

55. wadya dulangmangap pan tumpês sadaya | tuwin bala Kumpêni | tan môngga puliha | gêmpang tumpês suh sirna | ingamuk mring Surapati | tuhu prawira | tan mundur dèn bêdhili ||

56. jêng paduka ngaturan kundur mring praja | bilih tiwas ing jurit | sigra Jêng Pangeran | Purubaya wus budhal | sawadyanira umiring | glis praptèng praja | panggih lawan sang aji ||

108. Adipati Wiranagara (Surapati) dumugi ing janji

57. ênêngêna sira Pangeran Purbaya | kang sowan ing narpati | gantya winursita | sira Sang Adipatya | Wiranagara winarni | lami ayuda | wus kawan dasa ratri ||

58. saundure kêna ing mimis kancana | anêngguh lajêng sakit | pan gêrah konduran | antawis pitung dina | para putra dèn timbali | tuwin santana | sampun pêpak nèng ngarsi ||

59. Sang Dipati Wiranagara ngandika | sakèhe sanak mami | ing mêngko wruhanta | pan wus karsane Suksma | yèn wus puput jênêng mami | wêwêkas ingwang | dèn bêcik sira kari ||

60. lawan sira putra-putra ngong sadaya | padha sun upatani | aywa manggih arja | yèn sira abêcika | ya kalawan wong Kumpêni | saturun ingwang | aywa manggih basuki ||

61. lawan malih ing mêngko wêwêkas ingwang | lamun ingsun ngêmasi | ya kunarpaningwang | pêndhêmên dèn arata |

--- 18 : 14 ---

aywa wèh inganggo kijing | tuwin maesan | dêdimène si kapir ||

62. nora wêruh marang ing kunarpaningwang | ri sampuning mêmêling | Surapati mapad | sagung kang para putra | miwah ingkang para rabi | sami karuna | sêsambate mlasasih ||

63. layonira Dipati Wiranagara | gya pinêtak tumuli | rinadin kewala | datan mawi maesan | tinut sawêwêlingnèki | para santana | sami lara anangis ||

64. sapêjahe Dipati Wiranagara | sira Radèn Bêrahim | nênggih kang gumantya | putra sêpuh priyôngga | sampun jumênêng Dipati | Wiranagara | wontên dene kang rayi ||

65. akêkasih sira Radèn Surapatya | ingkang anèm namèki | ran Suradilaga | sami gagah prakosa | nanging sira sang dipati | rusuh ambêknya | jamah mring para bibi ||

66. milanipun tan sêkti kadya kang rama | sigêgên Surapati | ingkang kawarnaa | praja ing Kartasura | mantuk kadya wingi uni | gêmah raharja | eca tyasing wadyalit ||

67. sri narendra langkung adil palamartaparamarta. | dananira umili | ngapura ing dosa | asih ing wadyabala | miwah dhatêng pêkir miskin | sri naradipa | datan pêgat pêparing ||

68. milanipun wadyabala Kartasura | agêng alit samyasih | jrih bêkti mring nata | ya ta agênti warsa | pêparentah sri bupati | dhatêng punggawa | myang bupati pasisir ||

69. kinèn sami anglurug ing Pasêdhahan | kumisaris wus prapti | angirid Walônda | sagung para punggawa | pasisir

--- 18 : 15 ---

wus pêpak sami | nèng Kartasura | sami dandan ing jurit ||

70. wadyèng Kêdhu Pagêlèn ingkang minôngka | rêrêmbating Kumpêni | bala ing Japara | ingkang anôngga pangan | wadyèng Sampang Surawèsthi | dadi pêpêrang | Pangeran Purbayèki ||

71. kang minôngka senapatining ayuda | ngirid wadyèng pasisir | myang wong Kartasura | sapalih kang binêkta | sigra umangkat tumuli | miyos têngahan | lampahe dadi siji ||

72. sampun lajêng sira Pangeran Purbaya | lampahe tan winarni | praptèng Kartasana | Panêmbahan Madura | lan Dipati Surawèsthi | ing Wirasaba | anêngguh kang dèn jogi ||

73. kawarnaa sira Jêng Susunan Êmas | sampun miyarsa warti | yèn wong Surabaya | baris nèng Wirasaba | tuwin Pangran Purbayèki | nèng Kartasana | lawan bala Kumpêni ||

74. Sunan Kendhang manahira kagegeran | sigra budhal tumuli | ngili ngidul ngetan | wadyanya kuthetheran | ing Dhungul ingkang dèn jogi | wong Kartasura | sampun nabrang banawi ||

75. myang Kumpêni datan pisah lampahira | Daha kapanggih sêpi | Pangeran Purbaya | lajêng mring Wirasaba | panêmbahan wus kapanggih | têmpuh barisnya | miwah wong Surawèsthi ||

76. pan sadalu sipêng nagri Wirasaba | datan kawarnèng nagri | enjang sigra budhal | ingkang dadya pangarsa | bala Sampang Surawèsthi | Pangran Purbaya | ingkang lumampah wuri ||

77. tan kawarnèng marga prapta nagri Carat | masanggrahan tumuli |

--- 18 : 16 ---

alami nèng ngrika | Dipati Janapura | gêrah sangêt nulya pamit | mantuk mring praja | praptèng Japara mati ||

78. kawarnaa para putra Pasuruan | Rahadèn Surapati | lan Suradilaga | sowan dhatêng sang nata | marang ing Dhungul siraglis | ambêkta bala | sanambang winatawis ||

79. praptèng Dhungul tundhuk lan sri naranata | Rahadèn Surapati | lan Suradilaga | matur saha wotsêkar | patikbra anuwun idin | arsa maguta | mêngsah kang lagya prapti ||

80. sadaya daya kandhêga lampahira | sang nata ngandikaris | iya bênêr sira | payo agê mangkata | kang putra ingkang tinuding | kalih kinarya | senapati ing jurit ||

81. Pangran Mangkunagara myang Mangkuningrat | tuwin kang para mantri | Mantri Kartasura | sami kêbut sadaya | sawiji tan ana kari | nulya umangkat | ing Antang dèn margani ||

82. mudhun ngalèr anggrêgut ing lampahira | ya ta ingkang winarni | Pangeran Purbaya | wus budhal saking Carat | lan wong Sampang Surawèsthi | sarêng umangkat | tuwin bala Kumpêni ||

83. lagya eca wau dènira lêlampah | wong Pasuruan prapti | tandange lir yaksa | narajang saking wuntat | wong Kartasura tan gingsir | para niyaka | samya matur ing gusti ||

84. lamun mêngsah andhatêngi saking wuntat | Pangeran Adipati | Purbaya ngandika | saking luhur dipôngga | pagutên sarwi lumaris | mungsuh kang prapta | padha dèn ngati-ati ||

85. aywa lowah mêngko tataning lumampah |

--- 18 : 17 ---

ywa kongsi pêdhot ugi | sagung pra niyaka | anulya mundur sira | kang wuri mêksih ajurit | wong Pasuruan | akèh longe kang mati ||

86. Jêng Pangeran Purbaya eca lumampah | Rahadyan Surapati | myang Suradilaga | anulya mundur sira | angraos datan ngudhili | dènira yuda | wadyanirakèh mati ||

87. nulya wangsul maring nagri Pasêdhahan | kawarnaa sang aji | sira Sunan Kendhang | têdhak mring Pasuruan | anunggil lan Adipati | Wiranagara | karsa ngawaki jurit ||

88. sri narendra sampun praptèng Pasêdhahan | watawis tigang ratri | Pangeran Purbaya | anulya wau prapta | miwah kang bala Kumpêni | lan wong Madura | saking kidul dhatêngi ||

89. anut marganipun wadya Surapatya | wadyabala tan uning | lamun tinututan | dhatêng têtiyang Sampang | dene kang langkung ing biting | wong Pasuruan | kagyat dènnya ningali ||

90. lamun tiyang Sampang Surabaya prapta | tuwin bala Kumpêni | sami kagegeran | sigra-sigra adandan | miwah sira Adipati | Wiranagara | karsa mapag ing jurit ||

91. sang dipati wus budhal sawadyanira | prapta ing Sidagiri | Kumpêni tumingal | lamun mêngsahe prapta | sigra tinata kang baris | bala Madura | lan wadya Surawèsthi ||

92. kang minôngka pangawat keri lan kanan | dening tiyang Kumpêni | ingkang dadya dhadha | mariyême tinata | sigra Radyan Surapati | mangsah ing rana | angamuk golong pipis ||

93. miwah sira [si...]

--- 18 : 18 ---

[...ra] Dipati Wiranagara | anêrêgakên dasih | myang Suradilaga | bala Kumpêni sira | sarêng sami ambêdhili | mriyêm gurnada | sênapan sarêng muni ||

94. wadyabala Pasuruan kathah pêjah | binendrongan ing bêdhil | tuwin nandhang brana | Panêmbahan Madura | anungkêbi saking keri | wong Surabaya | saking kanan nungkêbi ||

95. wadyabala Pasêdhahan wus lumaywa | pan kêkathahên tandhing | sagung para putra | lumayu dhatêng Malang | angumpul dadi sawiji | myang Susunan Mas | tan pisah lan dipati ||

96. wong têtiga ngrasa tunggal bêdhahira | Pasuruan nagari | Pangeran Purbaya | sampun manjing jro kitha | lawan tuwan kumisaris | amasanggrahan | lan sagung pra dipati ||

97. kacarita alami nèng Pasêdhahan | wong cilik akèh prapti | kumisaris sigra | akèn angularana | mring layone Surapati | dhatêng sêtana | nanging datan kapanggih ||

98. kaku tyase kumisaris sigra undhang | marang sakèh wong bumi | sapa anuduhna | kubure Surapatya | sun wèhi reyal sabiting | wong Pasuruan | sami lali ing gusti ||

99. punang reyal satus pan aglis tinampan | dhatêng têtiyang bumi | kumisaris sigra | tinuduhkên prênahnya | kuburannya Surapati | apan rinata | nênggih datan katawis ||

100. wus dhinudhuk layone sang adipatya | apan sampun kapanggih | gandanya angambar | kadya sêkar sataman | maksih wêtah punang jisim | kadi duk gêsang |

--- 18 : 19 ---

gawok sagung Kumpêni ||

101. dyan binêkta mantuk dhatêng pasanggrahan | linênggahakên kursi | sigra ingurmatan | mariyêm lan sênapan | gumuruh pan sarêng muni | sagung kapitan | lutnan myang kumisaris ||

102. nyandhak tangan ing layon atêtabean | sadaya sami angling | hèh Sang Surapatya | tuhu prajurit mulya | pan sira lanang pribadi | pinasthi sira | dadya satru Kumpêni ||

103. wus ingobong layone sang adipatya | gêni datan nêdhasi | jisim maksih wêtah | kumisaris bramatya | kang layon cinandhak aglis | nulya siniram | sagung kang arak api ||

104. sasampuning siniram sigra ingobar | langkung agêng kang agni | jisiming dipatya | gêsêng dening dahana | nulya awune dèn ambil | sakèh Walônda | ngalap awuning jisim ||

105. kumisaris kalangkung tustha ing driya | myang sagunging Kumpêni | nulya dèn akarya | loji Gêmbong wus dadya | sigra jinagan Kumpêni | mariyêmira | pinarnah baluwarti ||

106. kumisaris sampun numpak ing baita | mantuk dhatêng Samawis | Pangeran Purbaya | kundur miyos ing dharat | bala Kumpêni sapalih | jagèng pangeran | sapalih mring Samawis ||

107. pra punggawa saparo ingkang binêkta | saduman maksih baris | wontên Pasêdhahan | Panêmbahan ing Sampang | wus budhal sawadyanèki | mantuk mring praja | datan kawarnèng margi ||

108. panêmbahan lampahe gya praptèng Kamal | pradesan Madurèki |

--- 18 : 20 ---

nênggih nyandhak gêrah | cinatur lajêng seda | para putra anungkêmi | layoning rama | pan sampun dèn sirami ||

109. wusnya suci binêkta mantuk mring Sampang | ya ta ingkang winarni | Pangeran Purbaya | wus praptèng Kartasura | lajêng tumamèng jro puri | kalangkung tustha | tyasira sang narpati ||

110. ingkang rayi wau kinèn gumantia | Pangran Balitar nênggih | ing mangke wus budhal | anglurug dhatêng Malang | sawadyanira umiring | saha turôngga | gêgamanya tulyasri ||

111. mantri gandhèk Ngabèi Wirasantika | wau kinèn umiring | mring Pangran Balitar | datan kawarnèng marga | nagri Pasêdhahan prapti | wus panggih lawan | sagung para bupati ||

112. Adipati Balitar sigra umangsah | dhatêng Malang nagari | myang sagung punggawa | ya ta kang kawarnaa | Wiranagara Dipati | lan arinira | sampun miyarsa warti ||

113. lamun mêngsahira ing mangkya wus prapta | sigra dandan tumuli | myang pêpatihira | Ngabèi Lor siyaga | Ngabèi Kidul tan kari | sigra umangkat | ananggulang ing jurit ||

114. sampun tundhuk lawan bala Kartasura | apanggih padha wani | wadyèng Pasêdhahan | tangkêbe prit anêba | dènnya ngamuk golong pipis | wong Kartasura | panggah datan gumingsir ||

115. ramening prang kalihe sami sudira | samya rok silih ungkih | bala Pasêdhahan | binendrong ing sanjata | akathah longe kang mati | wênèh kabranan | bau manguwir-uwir ||

116. Ngabèi Lor Ngabèi [Ngabè...]

--- 18 : 21 ---

[...i] Kidul bramatya | sigra mangsah mring ngarsi | lan Bunjaladriya | myang Bunjalapinatya | Bunjalalodra tan kari | mamuk manêngah | Dêmang Lêmpung tan kari ||

117. Arya Jayaningrat mangsah ngadilaga | lawan Rônggajaladri | Lêmbugadrug sira | Lêmbugiyêng nèng ngarsa | miwah Lêmbuwanasrênggi | myang arinira | Ki Lêmbupothapathi ||

118. mantri kalih wêlas tandange lir yaksa | kang tinarajang gusis | anumbak anigas | rusak wong Kartasura | akathah longe kang mati | sisaning pêjah | samya arêbut urip ||

119. Jêng Pangeran Balitar asru lingira | hèh sagung para mantri | sami ngawakana | ywa ngandêlakên bala | kang kinèn samyatur bêkti | parêng umangsah | tan ana ngucap ajrih ||

120. para mantri Kartasura tandangira | lir buta olèh daging | mantri Pasêdhahan | nênggih rinoban lawan | Ngabèi Lor wus ngêmasi | Wirasantika | wau ingkang mêjahi ||

121. Angabèi Kidul pan sampun pralena | Bunjaladriya mati | Bunjalapinatya | murdanira kairas | Arya Jayaningrat mati | Bunjalalodra | murdanira cinangking ||

122. Lêmbuwanasrênggi Dêmang Lêmpung pêjah | Lêmbugadrug ngêmasi | Lêmbugiyêng lena | punggawa Kartasura | yèn tinon kadya rasêksi | môngsa swanita | jajanya kurah gêtih ||

123. sira gêmpang wadyabala Pasuruan | sapêjahe ki patih | tanbuh dèn adua | prajurite wus sirna | sira Radèn Surapati | arsa ngamuka | sang dipati ngalangi ||

124. para putra Pasuruan [Pasuru...]

--- 18 : 22 ---

[...an] wus lumaywa | angungsi mring wanadri | miwah Susunan Mas | tyasira kagegeran | sigra minggah dhatêng wukir | sawadyanira | ing Dhungul kang dèn ungsi ||

125. praptèng Dhungul kang abdi kênèng wêwêlak | akathah kang ngêmasi | ya ta Sunan Kendhang | têdhak dhatêng Balitar | sakèhing mantri kang sakit | sampun waluya | rêrêb tyase wong cilik ||

126. sabêdhahe nagara ing Pasêdhahan | tanbuh ingkang dèn ungsi | sira Susunan Mas | tansah apirêmbagan | kalawan kang para mantri | kadya bramara | sêdhêng mangisêp sari ||

109. Sunan Êmas (Sunan Kendhang) nungkul dhatêng Kumpêni lajêng dipun aturi tindak dhatêng Batawi

134. Dhandhanggula

1. langkung sungkawa sri narapati | Susunan Mas sigra aputusan | dhatêng kumêndur sirage | mantri kalih ingutus | apan sampun binêktan tulis | punang duta gya mêsat | tan winarnèng ênu | lampahira aglis prapta | Surapringga wus panggih lawan Kumpêni | caraka atur surat ||

2. sigra tinampan kang punang tulis | tinupiksa ungêling nawala | lamun arsa nungkul mangke | sarta amintak ampun | dhatêng sagung para radpêni | kumêndur suka ing tyas | alon dènnya muwus | hèh duta sira matura | mring sang nata yèn têmên arsa badhami | kalawan jênêng ingwang ||

3. gustinira mangke sun aturi | têdhak marang nagri Surapringga | besuk yèn wus praptèng kene | apa sakarsanipun | sayêktine ingsun jurungi | yèn [yè...]

--- 18 : 23 ---

[...n] arsa madêg nata | amêngku kaprabun | anèng nagri Kartasura | punang duta nulya sami pinisalin | kulambi sabuk wastra ||

4. kang caraka wus tinundhung mulih | duta mêsat praptèng ngabyantara | sigra matur mring gustine | langkung suka sang prabu | amiyarsa turing Kumpêni | sang nata sigra dandan | lan sawadyanipun | warnanên Pangran Balitar | wus utusan dhatêng Sunan Kendhang aglis | amundhut babêrkatan ||

5. waos Ki Baru bajo Ki Gundhil | miwah dhuwung Kiyai Balabar | kang kinon wus mêsat age | akêbat lampahipun | sampun prapta ngarsèng narpati | punang duta turira | kawula ingutus | dhumatêng rayi paduka | Jêng Pangeran Dipati Balitar nênggih | ngaturkên ingkang sêmbah ||

6. lawan malih kawula tinuding | amundhut sagung ingkang pusaka | rama paduka kang akèn | amundhut Kyai Baru | myang rasukan Kiyai Gundhil | Susunan Mas lingira | sugal asmu bêndu | hèh warnanèn Si Sudama | yèn dhèwèke kinongkon mring paman aji | amundhut babêrkatan ||

7. besuk yèn ingsun praptèng nagari | Surapringga waos dhuwung ingwang | miwah Kiyai Bicake | sun srahakên gustimu | ingsun mangke dipun aturi | tindak mring Surabaya | lan sawadyaningsun | Kumpêni ingkang angundang | apanggihan lan ingsun nèng Surawèsthi | punang dutaglis mêsat ||

8. saantuke caraka sang aji | nulya budhal dhatêng Surapringga | Kumpêni amêthuk age | kapanggih anèng ênu |

--- 18 : 24 ---

Sunan Kendhang gya dèn aturi | tumanduka mring praja | lajêng lampahipun | sarêng praptèng Surabaya | pasanggrahan anèng wismane Dipati | Jangrana sawadyanya ||

9. Kumpêni urmatira nglangkungi | tuwin Sang Adipati Jangrana | langkung pangupasubane | pasêgahira pênuh | pan waradin dhatêng pakathik | sagung para niyaka | eca manahipun | Adipati Surapringga | munggwing ngarsa abukuh dènira linggih | myang Kumpêni sadaya ||

10. tuwan kumêndur umatur aris | yèn suwawi gusti sri narendra | lêhêng tumanduka mangke | mring Samarang pukulun | apanggihan lan kumisaris | benjing yèn sampun prapta | Samarang sang prabu | lajênga mring Kartasura | pan paduka jinunjung dening Kumpêni | amêngku ing rat Jawa ||

11. kalangkung tustha sri narapati | amiyarsa Kumpêni turira | tuwin sagung punggawane | tan wruh yèn kênèng apus | sigra wontên caraka prapti | saking Pangran Balitar | anênggih ingutus | andhatêngi pasêmayan | Sunan Kendhang asugal dènira angling | warahên Si Sudama ||

12. ala jinujug mring Surawèsthi | besuk yèn wus prapta Kartasura | dhuwunge wèhakên dhewe | punang dutaglis wangsul | sampun praptèng ngarsaning gusti | katur kang pangandika | Sunan Kendhang wau | Pangran Balitar lingira | yèn wêruha wong tuwa cidra ing janji | ingsun kasap kewala ||

13. mulane tan tulus madêg aji | Si Kêncèt atine tan raharja | nora tulus saujare | ya

--- 18 : 25 ---

ta ingkang winuwus | jêng susunan binêkta aglis | minggah dhatêng ing kapal | kang wadyakèh tumut | myang sawêkadharanira | tuwin sagung pusaka binêkta sami | minggah dhatêng ing palwa ||

14. Sinuhun Pakubuwana nênggih | wus utusan dhatêng Surapringga | mundhut Ki Wiragunane | Arya Tiron pinundhut | lan Mandurarêjèku sami | myang Arya Pulangjiwa | Mangunnagarèku | kumêndur datan lênggana | Susunan Mas wus mancal sawadyanèki | binêkta mring Jakarta ||

15. kêkalih mantri angrasa wani | ênêngêna ingkang sampun mancal | ya ta kawarnaa malèh | kang mêntas mênang pupuh | nagri Malang wus dèn obongi | dhatêng Pangran Balitar | myang sawadyanipun | Dipati Wiranagara | lan arine angungsi dhatêng wanadri | wong cilik binoyongan ||

16. nagri bang wêtan pan sampun radin | arine Dipati Pasuruan | pawèstri kaboyong mangke | myang punggawa Paceku | kang pinundhut ing sri bupati | Kiyai Wiraguna | lan sakancanipun | asrah mring Pangran Balitar | Arya Pulangjiwa pan minggat ing ratri | umpêtan dhatêng wana ||

17. Rahadyan Pulangjiwa anênggih | kala jênênge Susunan Êmas | Pangran Balitar jênênge | sarêng kendhang sang prabu | têluk marang Kartasuraglis | pinundhut jênêngira | karsane sang prabu | sampun nyênyami kang putra | winastanan Arya Pulangjiwa nênggih | mila sakit ing driya ||

18. nulya minggat nusul mring Kadhiri | mangkya pinundhut malih de nata | ki arya sangêt [sa...]

--- 18 : 26 ---

[...ngêt] ajrihe | ing mangke sampun katur | yèn ki arya minggat ing ratri | Jêng Pangeran Balitar | sangêt dukanipun | Ki Tumênggung Suralaya | ing Barêbês wau kang kinèn ngulari | anasak wana-wana ||

19. Arya Pulangjiwa wus kapanggih | nèng madyaning wana Pasêdhahan | nulya pinêjahan age | murda pinocok sampun | Ki Tumênggung Suralayèki | mantuk sawadyanira | praptèng ngarsa matur | dhatêng Pangeran Balitar | yèn Ki Arya Pulangjiwa wus ngêmasi | pangran tusthèng wardaya ||

20. Jêng Pangeran Balitar lingnyaris | Kandhuruan Wilatikta sira | mantuka marang prajage | lah iki layang ingsun | aturêna kangjêng ramaji | lan sagung bêboyongan | èstri ayu-ayu | kang saking nagari Malang | aturêna marang kangjêng sri bupati | Kandhuruan tur sêmbah ||

21. lawan malih Si Wiragunèki | Arya Tiron lan Mangunnagara | tuwin Mandurarêjane | kapat bêktanên mantuk | poma sira dèn ngati-ati | rumêksa anèng marga | kang kinon wotsantun | Kandhuruan Wilatikta | sigra mentar datan kawarna ing margi | wus praptèng Kartasura ||

22. cundhuk lawan Ki Cakrajayèki | Kandhuruan wus binêkta seba | katur mring nata praptane | pan tinimbalan gupuh | prapta ngabyantara narpati | manêmbah ing suku sang | mangusapi lêbu | sang nata alon lingira | Kandhuruan ingutus paran sirèki | marang ing gustinira ||

23. kang dinangu matur awotsari | patik aji kawula dinuta |

--- 18 : 27 ---

dhatêng putra nata mangke | dahat anuwun bêndu | kamipurun ngaturi tulis | mèsêm sri naranata | kang sêrat pinundhut | nulya wau tinupiksa | mring sang nata dyan bêbukaning tulis |Kurang satu suku kata: maring sang nata dyan bêbukaning tulis. kawulatur uninga ||

24. dhatêng paduka sri narapati | patik aji mangkya lanang yuda | antuk barkat nata mangke | nagari mambêng gêmpur | pun Ngabèi Êlèr ngêmasi | Ngabèi Kidul pêjah | kasambut prang pupuh | dene ingkang amarjaya | abdi dalêm pun Wirasantika nênggih | langkung sudirèng rana ||

25. dene sutanipun Surapati | pun Bêrahim malajêng mring wana | lan pun Lêmbulêmbo rane | prajuirite kèh lampus | rabinipun kathah kang kèri | katawan ing kawula | katura sang prabu | kabêkta pun Wilatikta | lawan malih pun Wiraguna anênggih | kalih Mandurarêja ||

26. katura dhatêng paduka aji | Arya Tiron myang Mangunnagara | nanging pun Pulangjiwane | minggat kalaning dalu | pan kacandhak wontên wanadri | mangkya sampun pralina | tugêl murdanipun | dening nagari bang wetan | sawarnine pukulun sampun waradin | sampun nungkul sadaya ||

27. nanging pusaka ing tanah Jawi | binêkta dhatêng ing Batawiyah | kawula têdha tan pawèh | langkung ngungun sang prabu | sapandurat tan kêna angling | wêkasan angandika | mring Cakrajayèku | hèh patih pangrasaningwang | nadyan kabèh pusaka ing tanah Jawi | ginawa mring

--- 18 : 28 ---

Jakarta ||

28. iya ingkang rupa tumbak kêris | apan ora dadi galih ingwang | nanging sok maksiha mangke | sêtana Ngadilangu | lawan masjid Dêmak apatih | hèh iya wruhanira | kalih prakarèku | pusaka ing tanah Jawa | ingkang agêng datan ana malih-malih | ki patih awotsêkar ||

29. sri narendra angandika aris | Cakrajaya sira utusana | marang ing Malang dèn age | nimbali putraningsun | tuwin sagung para bupati | kabèh padha muliha | barênga sutèngsun | ki apatih awotsêkar | sampun mêdal wau saking kênyapuri | wus praptèng wijil pisan ||

30. wadya gandhèk pan sampun tinuding | animbali Pangeran Balitar | lumaksana ing lampahe | tan kawarna ing ênu | pabarisan dutaglis prati | panggih kangjêng pangeran | tinimbalan sampun | sigra Pangeran Balitar | sampun undhang dhatêng sagung pra dipati | ing benjang arsa budhal ||

31. tan kawarnèng ratri sampun enjing | sigra budhal Pangeran Balitar | kang wadya umyang swarane | pra putra Madurèku | agêng alit samya umiring | mring Pangeran Balitar | kang rama wus lampus | datan kawarna ing marga | lampahira nagri Kartasura prapti | katur mring sri narendra ||

32. ingkang putra aglis dèn timbali | tuwin sagung kang para pungga |Kurang satu suku kata: tuwin sagung kang para punggawa. ingandikan mring purane | wus praptèng jro kadhatun | tumamèng byantara narpati |

--- 18 : 29 ---

manêmbah ing suku sang | mangusapi lêbu | sang nata alon ngandika | anak ingsun ki dipati dening lami | dènira andon yuda ||

33. rajaputra matur awotsari | milanipun alami patikbra | kang manah langkung ruwêde | gumujêng sang aprabu | ingkang putra kinuswa sarwi | rinangkul jangganira | ingaras kang êmbun | ingsun kaki nora nyana | lamun sira awidagdèng ulah jurit | pangeran awotsêkar ||

34. rajaputra sampun kinèn mijil | tuwin sagung kang para punggawa | sami mantuk mring wismane | samya suka ing kalbu | nagri dalêm sampun waradin | datan ana malanga | marang sang aprabu | ing ratri datan kawarna | dina Soma sang nata miyos tinangkil | pêpak kang para putra ||

35. Ki Apatih Cakrajaya nangkil | tuwin Tumênggung Kartanagara | miwah Ki Wirancanane | pêpak rôngga myang dêmung | pêcattôndha lan ôndhamoi | Ngabèi Sinang Arya | sêk jêjêl supênuh | punggawa môncanagara | myang pasisir kang saking anglurug nguni | sampun sami sewaka ||

36. jêjêl andhèr ing ngarsa narpati | sri narendra lênggah ing dhêdhampar | pra mantri bukuh lungguhe | angandika sang prabu | hèh ta Cakrajaya Apatih | sira piyarsakêna | ing timbalan ingsun | ing mangkya Si Citrasoma | ingsun junjung saka ngisor lungguhnèki | ngong sêngkakkên ngawiyat ||

37. ingsun arani Si Adipati | Citrasoma sun ganjar Japara | lan Si

--- 18 : 30 ---

Wirasantikane | ingsun karya tumênggung | iya Suryawijaya mangkin | sun ganjar nagri Jipang | lan sun karya iku | wadana môncanagara | lan Si Wirasasmita sun ganjar nênggih | nagara Wirasaba ||

38. Pangran Balitar matur wotsari | pukulun patikbra anuhun duka |Lebih satu suku kata: pukulun patikbra nuhun duka. pun Paman Cakraningrate | nênggih atilar sunu | kaatura ing sri bupati | aran Sasranagara | dene putunipun | kêkalih pan samya priya | patut saking rabi têtariman nguni | katura padukendra ||

39. sang nata mèsêm ngandika aris | hèh apatih nagara ing Sampang | sira pratigaa mangke | ingkang saduman iku | putu karo kang sun paringi | aran Suryawinata | Sastrawinatèku | dene ta ingkang rong duman | anak ingsun Sasranagara gumanti | jumênênga ing Sampang ||

40. lawan ingsun paringi kêkasih | arana Pangeran Cakraningrat | lawan Wiraguna mangke | myang Mandurarêjèku | karo padha ana ing mami | Kyai Mangunnagara | Arya Tiron wau | sami angalihkên paran | Arya Tiron Ki Sêcayuda namèki | Kyai Mangunnagara ||

41. aran Ki Sutadita ing mangkin | sinungakên pangeran dipatya | miwah Ki Wiragunane | sinalinan jêjuluk | aran Diramanggala nênggih | Ki Wabru ing Santênan | pinaringkên sampun | dhatêng Pangeran Purbaya | sira Panji Tohpati sinungkên aglis | mring Pangeran Balitar ||

--- 18 : 31 ---

110. Kumpêni nyuwun pêjahipun Adipati Jangrana ing Surabaya

42. sampun jêngkar dènira tinangkil | sri narendra kondur angadhatyan | pra punggawa bubar kabèh | ênêngêna sang prabu | kumisaris ingkang winarni | saundurirèng yuda | Pasêdhahan wau | lajêng dhatêng Batawiyah | abicara dhatêng sagunging radpêni- | ndia myang tuwan jêndral ||

43. lamun dipati ing Surawèsthi | kalanira pêrang Pasêdhahan | ingaranan mirong tyase | radpênindia rêmbug | jêndral karsa ngaturi tulis | marang sri naranata | nuwun pêjahipun | Sang Adipati Jangrana | yèn sang nata iya datan anglilani | sagung rad pan India ||

44. sêdya sami mutunga ing benjing | duta Kumpêni sigra umêsat | datan kawarna lampahe | Kartasura wus rawuh | lan kapitan sampun kapanggih | nulya suka uninga | mring ki patih wau | Ki Cakrajaya sêmaya | benjing-enjing nêdha sowan mring kang aji | ing mangke sampun siyang ||

45. ya ta wau kawarnaa enjing | iya Patih Cakrajaya seba | mampir ing loji lampahe | kapitan sigra tumut | sowan dhatêng sri narapati | sêrat agêng binêkta | wus praptèng kadhatun | katur dhatêng sri narendra | tinupiksa dyan bêbukaning kang tulis | saking gurnadur jendral ||

46. nuwun pêjahe Sang Adipati | Surabaya malecèng palagan | saha kathah-kathah ture | kampita [kampi...]

--- 18 : 32 ---

[...ta] tyas sang prabu | amiyarsa ungêling tulis | duka sajroning nala | jajabrit dinulu | asêmu mawinga-winga | sotya andik sinamun-samun tyas aji | alon wijiling sabda ||

47. hèh Apatih Cakrajaya aglis | kapitan sira bêktaa mêkdal | aywa kawatir atine | kapitan awotsantun | sigra mijil praptaning jawi | miwah sira kapitan | sampun kèrid mêtu | ya ta wau kawarnaa | sri narendra siniwi anèng jro puri | karsa apirêmbagan ||

48. sampun dalu wayahe kang wêngi | Kyai Cakrajaya tinimbalan | miwah Ki Citrasomane | myang Ki Wirancanèku | katri munggèng ngarsa narpati | angandika sang nata | hèh Cakrajayèku | kayaparan karsanira | langkung awrat prakara kang munyèng tulis | panjaluke Walônda ||

49. jaluk patine Si Adipati | Surabaya apan Si Jangrana | pikukuhing praja mangke | prasasat angganingsun | iku bauningsun kang keri | kang têngên ing Madura | mêngko uwis lampus | dadya kari bau kiwa | yèn salamêt tan pati cotho ing kardi | maksih ana ginarap ||

50. yèn tulusa jinaluk Kumpêni | Si Jangrana apa nora cêla | panjênênganingsun natèng | ki patih awotsantun | datan sagêd matur ing gusti | myang Kyai Citrasoma | Ki Wirancanèku | katri sumungkêm pratala | datan sagêd mangsuli pangandikaji | lingira sang narendra ||

51. hèh Cakrajaya Si Adipati | Surabaya mungguh mring Walônda |

--- 18 : 33 ---

iku sakêdhik dosane | tuwin mring jênêng ingsun | datan ana dosane ugi | yèn mangkono ta sira | putusana gupuh | marang Ki Besan Samarang | lah pundhutên rêmbuge ingkang abêcik | êndi patut linakyan ||

52. tuwin sêrat kang saking Batawi | angsulana warahên si jendral | aja kuwatir atine | anjaluk pêjahipun | si dipati lagi sun pikir | karana Si Jangrana | anèng wismanipun | rosa abandhu santana | nora wande akarya rusak wong cilik | lan warahên si jêndral ||

53. yèn gêdhe nagri ing Surawèsthi | Si Jangrana abandhu santana | apan akèh prajurite | lah wis mijila gupuh | layang ingkang marang Samawis | dèn enggal lampahêna | ki patih wotsantun | katri punggawa gya mêdal | saking pura sapraptanira ing jawi | Ki Patih Cakrajaya ||

54. nulya panggih lan duta Kumpêni | sêrat dalêm pinaringkên agya | caraka sigra lampahe | Ki Cakrajaya gupuh | aputusan dhatêng Samawis | lumampah dhêdhêmitan | tan ana ingkang wruh | tuwin dhatêng Surabaya | Ki Apatih Cakrajaya kintun tulis | mring Dipati Jangrana ||

55. sampun sami mangkat kang tinuding | tuwin dutaning Kumpêni prapta | nagari Samarang mangke | ingkang srat angsul-angsul | sinungakên mring kumisaris | pan sampun tinupiksa | sêrat ungêlipun | kumisaris langkung tustha | amiyarsa kang sêrat ijowannèki | linajêngakên sigra ||

--- 18 : 34 ---

56. sêrat dalêm dhatêng ing Batawi | kawarnaa dutaning narendra | kang mring Samarang lampahe | apan sampun apangguh | lawan Adipati Samawis | sêratirèng narendra | sinungakên sampun | agya wau tinupiksa | kagyat ngungun sira Dipati Samawis | sarwi asangup jaja ||

57. sang dipati lajêng anênulis | sinungakên priyayi utusan | caraka wus mêsat age | tan kawarna ing ênu | duta nata pan sampun prapti | manêmbah ing suku sang | mangusapi lêbu | surat kang saking Samarang | sampun katur tinupiksa mring sang aji | dyan bêbukaning sêrat ||

58. prakawis paduka sri bupati | amundhut ature Ki Dipatya | Suradimênggala mangke | Kumpêni anênuwun | ing pêjahe pun Adipati | Jangrana Surapringga | langkung èwêdipun | upami pinaringêna | pun dipati dados manggalèng narpati | pikukuhing rat Jawa ||

59. yèn tan suka kangjêng sri bupati | cayêktisayêkti. awon dhatêng pun jendral | Kumpêni sangêt pamrihe | beka dhatêng sang prabu | sri narendra mênêng tanpangling | kapênêtan ing driya | kalangkung angungun | mirsa ungêling nawala | kawarnaa wadya gandhèk sampun prapti | nagari Surabaya ||

60. sampun panggih lawan sang dipati | sêrat dalêm sinungakên sigra | nawala tinupiksage | Dipati Surèngkewuh | amiyarsa ungêling tulis | jêngêr datan ngandika | wasana amuwus | animbali mantrinira | aran Dêmang Wiratantaha

--- 18 : 35 ---

prajurit | wignya pasanggraita ||

61. kacarita Wiratantahèki | anakira Tumênggung Sapanjang | sang dipati langkung sihe | sampun prapta ing ngayun | ingkang rayi wus dèn timbali | Arya Jayapuspita | lawan arinipun | sira Panji Surèngrana | wontên malih arine ingkang wuragil | ran Panji Kartayuda ||

62. katri samya sinungan pangaksi | yèn sêrat dalêm mangke kang prapta | kaya mangkene unine | kang rayi aturipun | lêhêng pêjah madyaning jurit | paduka botên dosa | dhatêng sang aprabu | pun kapir dahat niaya | yèn suwawi nêdha pinagut ing jurit | lêhêng pêjah mêrgagah ||

63. nanging Dêmang Wiratantahèki | aturira lir pendah kukila | gusti sang dipati anggèr | sampun amagut pupuh | yêkti risak yêkti kang kari | sang dipati lingira | bênêr ing aturmu | nadyan tumêkèng pralina | sun labuhi nanging ari-ari mami | kang kari wibawaa ||

64. rayi katiga sarêng anangis | anungkêmi padane kang raka | amlasarsa sêsambate | dhuh kakang dawêg ngamuk | suka ulun pêjah ing jurit | tan purun kantun wirya | lêhêng sarêng lêbur | sang adipati lingira | èsmu waspa lah sira mênênga yayi | môngsa bodhoa ingwang ||

65. mila Sang Adipati Surawèsthi |Lebih satu suku kata: mila Sang Dipati Surawèsthi. kêdah anglabuhana priyôngga | bilih kawanguran têmbe | mring Kumpêni sang prabu | têmah rusak galih narpati | myang Dêmang Tanpanaha | sangêt aturipun | yèn paduka mêrgagaha | botên [bo...]

--- 18 : 36 ---

[...tên] kalap anak putu tuwan benjing | ing sawingking paduka ||

66. pan kaliha nagri Surawèsthi | sampun rêmbag Dipati Jangrana | sigra budhal sakadange | tan kawarna ing ênu | lampahira sang adipati | wus praptèng Kartasura | jujug wismanipun | dalême Kasurabayan | kacarita sampun prapta kalih sasi | datan wontên bicara ||

67. kawarnaa kumisaris prapti | Kartasura katur ing narendra | ngatasakên panuwune | pêjahe Jangranèku | langkung èmêng sri narapati | Dipati Surabaya | tan pêgat tinantun | ature sang adipatya | anglabuhi bênderanira pribadi | pêjahipun katura ||

68. nanging panuwune sang dipati | nagari dalêm ing Surapringga | kang sinaoskên arine | pun Jayapuspitèku | yèn marêngi lêga tyas aji | mêngku ing Surabaya | mangkana cinatur | Sang Adipati Jangrana | sabên arsa ing dina Soma rêrêsik | madhêp ing karsa nata ||

69. duk samana nujwa dina Kêmis | sasi Bêsar Ehe ingkang warsa | pênuh kang sewaka andhèr | Dipati Surèngkewuh | lagya prapta dènnya tinangkil | ingiring para kadang | miwah mantrinipun | ki dipati tinimbalan | manjing pura ing kamandhungan duk prapti | sigra Ki Garwakôndha ||

70. Lurah Martalulut lawan malih | Nayagrêwa wong singanagara | kalih narik curigane | ki dipatya sinuduk | praptèng jaja wus angêmasi | myang mantri jro sadaya | sarêng mrajayèku | sirarya Jayapuspita | wruh ing wadi [wa...]

--- 18 : 37 ---

[...di] de raka sang adipati | dangu tan wontên mêdal ||

71. angêjèpi ing wadyanirèki | wong Surabaya samya sanega | miwah kang anèng pondhoke | sadaya samya rawuh | wong saragni myang talangpati | abaris ing pagongan | arsa soroh amuk | watara wong kalih nambang | pra dipatya Kartasura ngati-ati | narka yèn dadya yuda ||

72. Ki Tumênggung Sumabrata prapti | saking pura dhawuhkên timbalan | hèh Arya Japuspitane | timbalane sang prabu | rakanira sang adipati | pinêjahan ing nata | tanpa dosa tuhu | uripe karya narendra | mangkya mati angrêtakakên nagari | sira kang gumantia ||

73. jumênênga anèng Surawèsthi | aywa dadi onênge tyasira | Arya Jayapuspitane | myarsa timbalan prabu | waspanira pan adrês mijil | krodhanira sinapyan | sampunnya rawat luh | Ki Arya Jayapuspita | abêbisik maring Ki Sumabrataris | kawula aturêna ||

74. pan kawula sampun wruh ing wadi | pêjahipun pun kakang dipatya | wontên kang dados margane | ingkang sikara tuhu | pan kawula arsa nglabuhi | lan kang abdi sadaya | abela tumutur | nanging kawula mêrgagah | yèn nglilani sang nata sadintên mangkin | kawula ngrabasèng prang ||

75. Ki Sumabrata wus mêsat aglis | praptèng pura cundhuk ing arsendra | wus katur ing saature | Ki Jayapuspitèku | langkung èmêng sri narapati | pangulu ingandikan | suranata juru | sami [sa...]

--- 18 : 38 ---

[...mi] kinèn andêdonga | mamrihira lilihe krodhanirèki | Ki Arya Japuspita ||

76. Ki Sumabrata agya tinuding | mêdal saking pura wus apanggya | lan Arya Japuspitane | andhawuhakên wuwus | hèh ki arya timbalan aji | sang narendra tan arsa | ywan maksih sirèku | baris anèng panangkilan | wikan mangkin yèn pakênira wus mijil | lan sagung wadyanira ||

77. Arya Jayapuspita gya nolih | ambubarakên ing barisira | wus budhal saha wadyane | gumlêndhêng lampahipun | ririh datan ngêgèt-êgèti | kadya milanga tindak | wadyagung tan wêruh | lawung kang gathik tan ana | wong awatuk miwah kang tolih-tinolih | lan rewang datan ana ||

78. sampun prapta sakiduling mêsjid | sajawining pamondhokanira | kang gêgaman sarêng nolèh | marêp mring alun-alun | tanna owah tataning baris | wong sawiji tan ana | ingkang lajêng mantuk | maring pamondhokanira | pan anggêgêr barisnya mêpêti margi | katur mring sri narendra ||

79. langkung dening wagugên tyas aji | dene Ki Arya Jayapuspita | kapêksa lêbu gênine | bela ing kadangipun | suka matyèng lawan si kapir | kang dahat nganiaya | mangkana sang prabu | andhawuhakên timbalan | hèh ki arya timbalane sri bupati | sira aglis budhala ||

80. abêngganga saking pôncaniti | aywa kasompokkên barisira | yèn pakênira wus ombèr | manawa ta sang aprabu |Lebih satu suku kata: manawa ta sang prabu.

--- 18 : 39 ---

angrojongi kaptinirèki | ing mangkya datan arsa | ki arya tumungkul | duk budhal saking pagongan | lingsir kilèn dènnya anggêgêr nèng margi | praptèng surup hyang arka ||

81. budhal saha wadya ki aryaglis | ngalèr ngilèn tata barisira | lampahnya praptèng Pakundhèn | ya ta kasapwèng dalu | rêrêb wadya ing Surawèsthi | ing dalu winursita | wontên duta rawuh | Ki Tumênggung Sumabrata | saking pura lan Rôngga Wanèngjiwèki | datan amawi rowang ||

82. pan ambêkta tadhahan kêkalih | isi sêrat kalawan busana | sampun pinatêdhakake | lan reyal kalih èwu | sêrat dalêm sinuksmèng galih | miyarsa kang wacana | ki arya asujud | sumungkêm anèng bantala | sawungunya Jayapuspita anangis | asru atêbah jaja ||

83. sampun kondur dutaning narpati | Ki Tumênggung Sumabrata lawan | Ki Rôngga Wanèngjiwane | tumamèng ing kadhatun | kalih praptèng ngabyantaraji | ing dalu tan winarna | wadya Surèngkewuh | ing ari siyaga budhal | sinêngkalan karya guna ngrasa wani |Sengkalan: karya guna ngrasa wani (1634 A.J., 1710/1711 A.D.). bubare saking praja ||

84. tan kawarna lampahirèng margi | sampun prapta nagri Surabaya | sirarya Japuspitane | anggung mangan anginum | anggêgabah marang ing dasih | akarya dulangmangap | sèwu pan winangun | talangpati pan sanambang | sêsêliran sanambang myang wong saragni | abra busananira ||

85. tan winarna solahirèng nguni | gantya wau ingkang kawuwusekawuwusa. | sang nata [na...]

--- 18 : 40 ---

[...ta] langkung onênge | ing tyas nanging sinamun | ing pêjahe ki adipati | jinaluk ing Walônda | sang nata kaduwung | ngraos tan darbe mênggala | ing tyas wuyung Ratu Kancana udani | yèn raka mawi duka ||

86. kangjêng ratu matur ing rakaris | dhuh punapa kang dadya wuyung ta | sri narendralon dêlinge | wruhanira bok ratu | ing patine Si Adipati | Surabaya pan môngka | bau keriningsun | mangkya binekèng Walônda | yêkti cêla ing jênêng ingsun narpati | praja tanpa mênggala ||

87. yèn patuta wadya sun belani | kangjêng ratu wruh sêmuning raka | yèn sangêt ngêmu dukane | ngrêrêpa aturipun | pan kawula nênêdha ugi | dipun emut paduka | dèn angeman sunu | kang wasiyat swargi eyang | kangjêng sultan yèn benjing bala Kumpêni | milu misesèng Jawa ||

88. lagya eca ngandika sang aji | pan kasaru wau lêbêtira | Tumênggung Cakrajayane | atur uningèng prabu | yèn kang paman mangkya ngêmasi | Pangran Natakusuma | sang nata angungun | Cakrajaya ingandikan | praptèng ngarsa ngandika sri narapati | paman Natakusuma ||

89. atmajane gantya nama mangkin | ajênênga Pangran Pringgalaya | aja wah salêlinggihe | Cakrajaya wotsantun | sigra mêdal saking jro puri | sapraptanirèng jaba | ingundhangkên sampun | yèn Pangran Natakusuma | atmajane mangkya kang gantyani linggih | Pangeran Pringgalaya ||

90. apêparentah sri narapati | luwang karta Mataram kinarya |

--- 18 : 41 ---

bumi gêdhe mantuk gêdhe | numbakanyar lan sèwu | kang panumping mantuk panumping | hèr ning tiga kawayang | ing siti kaetung | tunggil warsa Ngenta-enta | wong karaman samana umadêg baris | wastanya Ki Mas Dana ||

91. Ngenta-enta wus agêng kang baris | wong Mataram pan suyud sadaya | kang malang ginêcak age | samana nulya katur | mring Ki Jayawinata aglis | anulya linurugan | Ngenta-enta rawuh | pan sampun campuh ing yuda | ramening prang Jayawinata kalindhih | wongirakèh palastra ||

92. dêmang Jayawinata mlaywaglis | sêdya lajêng marang Kartasura | atur uninga karsane | Ki Dana kang winuwus | wus akarya punggawa mantri | akèh patinggi desa | kang madêg tumênggung | wus andadi barisira | Kyai Dêmang Jayawinata wus prapti | nagari Kartasura ||

93. katur marang kangjêng sri bupati | yèn mantune Gêdhe Pacukilan | mangkya umadêg barise | Ngenta-enta dinunung | langkung duka sri narapati | sagung wadya punggawa | jawi kang tinuduh | ambêdhah ing Ngenta-enta | sigra budhal ingkang minôngka têtindhih | Pangeran Pringgalaya ||

94. timbalanira sri narapati | yèn Si Dana kacandhak ing rana | dèn gawaa urip bae | sang nata arsa dulu | lan malihe dèn punagèni | yèn praptèng Kartasura | gyanira linampus | kinarya pangewan-ewan | dèn rampoga ing êdom wong sanagari | warnanên kang lumpah ||Kurang satu suku kata: warnanên kang lumampah.

95. Pangeran ing Pringgalaya

--- 18 : 42 ---

prapti | Ngenta-enta lan sagung punggawa | sira cundhuk lan mungsuhe | ramya campuh prangipun | pra punggawa Kartasurèki | samya ngantêp ing yuda | tandange gumrêgut | samyajrih timbalan nata | myang Pangeran Pringgalaya angawaki | wong karaman kèh pêjah ||

96. Ki Mas Dana wus malayu gêndring | gya ingêsuk mring wong Kartasura | mring Barabudhur loroge | ardi sigra kinêpung | pan kacandhak Ki Dana aglis | binônda wus ginawa | mring Kartasurèku | wong cilik kèh binoyongan | sigra budhal Pangeran Pringgalayèki | myang sagung pra punggawa ||

97. sampun prapta ing Kartasurènjing | katur marang kangjêng sri narendra | yèn pun Dana kacêkêle | karsanira sang prabu | kinèn ngrampog ing dom tumuli | marang wong sanagara | ingundhangkên sampun | ngugêr ing waringin kêmbar | abdi dalêm kaparak lêkas rumiyin | nulya gêdhong gumantya ||

98. sawusira gêdhong wadyèng jawi | kang gumantya ngrampog ing dom samya | anulya ingundhangake | mring wong sanagarèku | pan kacatur ing tigang ari | jisimipun pinênthang | anèng alun-alun | nulya pinocok kang murda | wus pinanjêr gêmbunge dipun pênêdi | pinêtak anèng endra ||

99. gênti warsa pan ingucap malih | maratuwanira Ki Mas Dana | Ki Gêdhe Pacukilane | katur marang sang prabu | yèn baluhi mantunirèki | sêdya bôngga ing nata | madêg barisipun | samana wus linurugan | pra punggawa praptèng Pacukilan [Pacuki...]

--- 18 : 43 ---

[...lan] enjing | Ki Gêdhe wus kapanggya ||

100. apan dora kang matur narpati | pan ki agêng datan munasika | duk samanarsa mêmule | kyai gêng gya pinikut | dening sagung para dipati | wus pinocok kang murda | katur ing sang prabu | myang kang suta pinêjahan | tunggil warsa Kyai Kartanagarèki | linungsur lungguhira ||

101. mantun dènira lunggwèng apatih | pan kinarya têtindhih panêkar | pan kawindu sêngkalane | warna têtiga ratu | duk apatya dadya satunggil | Tumênggung Cakrajaya | kang maksih lêstantun | parentah ing tanah Jawa | tunggil warsa Ki Wirancana tinuding | amangun masjid Dêmak ||

102. sirapipun kang dipun salini | sri narendra ambêktani arta | pan sèwu reyal kathahe | tri wulan laminipun | Ki Tumênggung Wirancanèki | jênêngi aneng Dêmak | sawusira mantuk | sapraptaning Kartasura | tan alami Ki Wirancana ngêmasi | angungun sri narendra ||

103. duk uripe Ki Wirancanèki | abdi dalêm gêdhong keri kanan | Wirancana têtindhihe | myang wong kaparak iku | wadanane amung satunggil | pangeran ing Balitar | pan têtindhihipun | mangkana Ki Wirancana | tilar sunu jalu pan maksih taruni | maksih bodho ing karya ||

104. mila datan gumantyèng ramèki | karsanira kangjêng sri narendra | kinèn amulang muruke | marmanipun ginadhuh- | akên maring Kartanagari |

--- 18 : 44 ---

pan andikaning nata | gantya kang winuwus | pambalike pun Winongan | Radèn Tirtakusuma umadêg baris | anggitik Pasuruan ||

105. kang jumênêng Pasuruan nguni | kêkasihe Tumênggung Jadita | duk Pasuruan bêdhahe | punika kang tinandur | Pasuruan apan katiti | mangkana Ki Jadita | sampun kapalayu | dening bala ing Winongan | Pasuruan apan sampun dèn anciki | mring Dyan Martakusuma ||

106. sampun katur dhatêng sri bupati | yèn pun Tirtakusuma Winongan | tuhu lamun pambalike | langkung duka sang prabu | Kyai Kartanagara aglis | kinon nglurug mangetan | lan sakancanipun | sagunging para punggawa | wong pasisir bang wetan kang dèn tindhihi | angrusak ing Winongan ||

107. tan kawarna ing marga wus prapti | ing Winongan rame dènnya yuda | pan tigang côndra lamine | Winongan sampun gêmpur | kuthanira wus dèn obongi | rabinira Rahadyan | Tirtakusumèku | kaboyong mring Kartasura | pan ambêkta atmaja lanang satunggil | Mas Kaji wastanira ||

108. Radèn Tirtakusuma anênggih | pan lumayu dhatêng ing Lumajang | kang nglurug wus mantuk age | sigra kyai tumênggung | Pasêdhahan dipun pêjahi | ingkang aran Jadita | anèng alun-alun | dosane tiwas rumêksa | ing prajane milane dipun pêjahi | sampun agênti warsa ||

--- 18 : 45 ---

111. Arya Jayapuspita ing Surabaya ambalela mrinani kakangipun

109. gantya ingkang kawuwusa malih | Jayapuspita ing Surabaya | dènnya gumantyèng kakange | amung sowan sa-Mulud | wadyèng Surabaya kinêrig | kacatur tigang nambang | sêsêliranipun | wadya saragni sanambang | kang rong nambang ingaran wong talangpati | samya kre gêgêndèran ||

110. sikêp waos mamas binajinggring | kapurancak myang katêmpur ingas | wrêgu tulup lan bung ampèl | lan mantrinira agung | tuwin arinira kêkalih | Apanji Surèngrana | rinya kang waruju | sira Panji Kartayuda | ari kalih nyèwu sikêp ing ajurit | binêktèng Kartasura ||

111. katur maring kangjêng sri bupati | lamun Ki Arya Jayapuspita | asanega ing sebane | sang nata sukèng kalbu | nulya undhang anyêlut kêris | kancana myang salaka | wanèh kang balitung | asri tinrapan ing êmas | sira Arya Jayapuspita tan lami | nèng nagri Kartasura ||

112. sigra mantuk marang Surawèsthi | sapraptanira ing Surabaya | datan arsa seba malèh | rêmbag sakadangipun | apan sêdya ngulati ugi | mangkana ingutusan | mantri kang lumaku | Ki Tumênggung Sumabrata | kanthinipun mantri jro ingkang umiring | aran Diramênggala ||

113. samadya côndra nèng Surawèsthi | duta nata Kyai Sumabrata | lan Ki Diramênggalane | nanging Japuspitèku | asêmaos sebanirèki |

--- 18 : 46 ---

ature nanggèng krama | duta kalih mantuk | wus praptèng ing Kartasura | Sumabrata tumamèng ngabyantaraji | katur sasolahira ||

114. sri narendra animbali patih | kinon pracaya marang Samarang | Surabaya pamogoke | apatih sigra nuduk | gya umêsat kêkalih mantri | bêkta surat narendra | nahan kang winuwus | sirarya Jayapuspita | saungkure Ki Sumabrata dutaji | akèn ing arinira ||

115. Panji Surèngrana kinèn wiwit | mantuk saking nagri Surabaya | datan kawarna lampahe | nagri Lamongan rawuh | sira Panji nulya awiwit | budhal saking Lamongan | Garêsik tinuju | saking Giri dènnya minggah | wong Lamongan ingadu anglanggar biting | sawulan ora kangkat ||

116. kawarnaa dutaning narpati | sampun prapta nagari Samarang | sampun katampèn surate | marang sira kumêndur | tinupiksa wus dèn urmati | kumêndur asiyaga | wus numpak ing laut | layar marang Surabaya | sapraptane ing Surabaya apanggih | lan Arya Japuspita ||

117. sira kumêndur têtanya aris | marang Dipati Jayapuspita | dening apanji solahe | Jayapuspita tambuh | saking awonipun pun Panji | kumêndur pan kèmêngan | mangkana pinatut | biting Garêsik binubrah | nulya mantuk kumêndur maring Samawis | apanji minta sraya ||

118. utusan marang nagari Bali | ing Garêsik winêton sagara | Dewa Kaloran srayane |

--- 18 : 47 ---

wong Garêsik anungkul | mungsuh prapta ing têngah wêngi | gègère apuyêngan | kathah kang kacakup | wadyalit mawur sasaran | sabudhale wau nagari Garêsik | mantuk Dewa Kaloran ||

119. asêmados wangsulira malih | Panji Lamongan apan akathah | ambêktani rêrubane | kang katur ing dewagung | Ki Kaloran dutanirèki | mangkana kang winarna | nagri Surèngkewuh | Dipati Jayapuspita | apratôndha wus angadêgakên baris | ngirup môncanagara ||

120. Panji Kartayuda kang tinuding | anggêcaka mring môncanagara | lumaksana ing barise | ngirid prajurit sèwu | nagri Japan kang dèn margani | wong Japan tan kawawa | amêthuk ing ripu | prasamya nungkul kewala | nagri Japan samana wus dèn liwati | lajêng mring Wirasaba ||

121. wadyèng Wirasaba samya ngili | dipatine ngumpul marang Daha | Apanji Kartayudane | ing Wirasaba rawuh | dipati kapanggih sêpi |Kurang satu sukukata . adipati kapanggih sêpi. pan sampun tinanêman | Kartayuda laju | ngrabasèng nagari Daha | wong Kadhiri sampun amiyarsa warti | sanega mêthuk ing prang ||

122. nahan kang lagya yun-yunan jurit | kawarnaa Panji ing Lamongan | sampun lumampah barise | anggêcak ing Sidayu | ramening prang wadyakèh mati | kitha Sidayu bêdhah | Panji sigra wangsul | mingêr anggêcak ing Jipang | tan winarna ing marga Jipang wus prapti | lajêng campuh ing yuda ||

123. wadyèng Jipang yudane kalindhih | sira Tumênggung Surawijaya | kadarojog [kada...]

--- 18 : 48 ---

[...rojog] duk kèngsêre | gugup tanpolih kiwul | wong Lamongan gya wangsul malih | lajêng ngrabasèng Tuban | samana wus rawuh | ing Tuban campuh ing yuda | wadyèng Tuban ingamuk sampun angisis | kuthane wus kancikan ||

124. kawarnaa kang anèng Kadhiri | duk samana campuh ing ayuda | Apanji Kartayudane | wong Kadhiri anggrêgut | wadyèng Surabaya mangukih | ambyuk mangamuk rampak | wong Kadhiri mawur | sira Panji Kartayuda | saha bala sampun angancik Kadhiri | anungkul wong bang wetan ||

125. kunêng gantya wau kang winarni | sri naranata ing dina Soma | siniwaka ing wadyandhèr | dêmang rôngga tumênggung | pêcatôndha lan ôndhamoi | ngabèi sinangarya | kandhuruanipun | myang Apatih Cakrajaya | munggwing ngarsa abukuh saha wotsari | umatur ing narendra ||

126. ywan nagari dalêm Surawèsthi | mangkya pun Arya Jayapuspita | tuhu lamun pangadêge | sampun angirup-irup | abdi dalêm môncanagari | bang wetan ginêcakan | myang pasisiripun | ing Sidayu sampun bêdhah | miwah Tuban ing Jipang sampun kalindhih | Kadhiri wus kancikan ||

127. asru ngandika sri narapati | hèh Apatih Cakrajaya sira | pracayaa dipun age | ya marang si kumêndur | yèn wong Surabaya ambalik | lan sira siyagaa | sagêgaman pupuh | sira dhewe lumarisa | mêtu êlor ngirida bala pasisir | dening môncanagara ||

128. Si Tumênggung

--- 18 : 49 ---

Kartanagarèki | kang sun tuduh iku nindhihana | mêtu wong kidul lakune | lawan sira dèn gupuh | amundhuta bala Kumpêni | apatih atur sêmbah | sigra wêdalipun | saking pura undhang-undhang | wus amatah duta kang marang Samawis | wong Kartasura dandan ||

129. kawarnaa carakèng narpati | ingkang dhatêng nagari Samarang | prapta katampan surate | marang sira kumêndur | tinupiksa wus dèn urmati | kumêndur pan kampita | angundhangi sampun | bala Kumpêni siyaga | lan kumêndur tur wikan maring Batawi | wus mêsat dutanira ||

130. tan winarna solahira nênggih | Kyai Tumênggung Kartanagara | andhingini ing budhale | saking Kartasuresuk | ngirid wadya môncanagari | Apatih Cakrajaya | kang maksih angantun | anganti bala Walônda | duk samana kumêndur utusan aglis | ajangji angkatira ||

131. Ki Tumênggung Cakrajaya aglis | budhal saking nagri Kartasura | miyos Samarang lampahe | swaraning bala umung | busananya awarni-warni | tinon lir puspitabra | asri ywan dinulu | tuwin sagunging punggawa | tan kawarna ing marga praptèng Samawis | gantya kang kawuwusa ||

132. Ki Tumênggung Kartanagarèki | lampahira apan sampun prapta | ing Jipang têpis iringe | lami dènnya kêkuwu | ngantos wadya môncanagari | pakumpulan ing Jipang | pun Rôngga Madiun | myang Kaduwang Kamagêtan | ing Balora ing Warung myang Saosragi | amung [a...]

--- 18 : 50 ---

[...mung] ing Garobogan ||

133. punggawa kalih sami pinijig | mila Ki Tumênggung Cakrajaya | miyos pasisir lampahe | Dyan Suryawinatèku | lawan Sasrawinata nênggih | kang wayah panêmbahan | Madura karuhun | pinaringan ing Madura | kang saduman nanging ta datan alami | anulya tinimbalan ||

134. pinaringan Garobogan nênggih | Surawinata Sasrawinata | warnanên wau lampahe | Ki Kartanagarèku | sampun ayun-ayunan jurit | lan Panji Surèngrana | anèng Majaranu | Tumênggung Surawijaya | sigra kumpul lan Ki Kartanagarèki | wus agêng barisira ||

135. Ki Tumênggung Surawijayèki | wus siyaga lan sawadyanira | myang môncanagara mangke | budhal arsa umagut | Kyai Kartanagarèng wuri | minôngka tindhihing prang | Panji sigra mêthuk | ramya campuh ing ayuda | kadya môncanagara yudanya ngungkih | tan sêdya ngundurana ||

135. Durma

1. Panji Surèngrana rame dènnya yuda | lan wong môncanagari | myang wong Kartasura | buru-binuru samya | wadyalit kathah ngêmasi | sapih kang yuda | nênggih kasapwèng ratri ||

2. kutha Jipang anênggih sampun kancikan | mring wong Kartasurèki | Panji mundur sigra | dhatêng nagri Lamongan | wontên dasih tur upaksi | yèn nagri Tuban | sampun kancikan malih ||

3. mring Ki Rôngga wong pasisir kang binêkta | Lasêm Kudus lan Pathi | Rêmbang myang Juwana | Apanji Surèngrana | mila mundur [mu...]

--- 18 : 51 ---

[...ndur] sawadyèki | kang kawarnaa | Dewa Kaloran nênggih ||

4. prapta malih bêkta punggawa têtiga | kèndêl nagrèng Garêsik | dening kyèhning bala | pitung atus sadaya | wastaning punggawa katri | pun Dewa Soka | lan Dewa Made nênggih ||

5. Dewa Bagus wastane ingkang satunggal | Panji Surèngranèki | amanggihi sigra | mring Garêsik nagara | Dewa Kaloran wus panggih | lan Surèngrana | apirêmbagan sami ||

6. ri sampuning rêmbag panji ing Lamongan | arsa banjêla malih | dhatêng nagri Jipang | sira Dewa Kaloran | bêktani satus wong Bali | wontên satunggal | têtiyang ing Garêsik ||

7. pan binêkta dening Panji Surèngrana | aran Juragan Bali | agêng manahira | sugih wong têtêbusan | dêdêge agêng ainggil | Kyai Juragan | kêras ambêkirèki ||

8. kaduk wani tate aprang ing lautan | wus binêkta tumuli | mangsah dhatêng Jipang | rabine Ki Juragan | ginadhe dhatêng Apanji | kinèn ambêkta | dhatêng ing Surawèsthi ||

9. para dewa prasamya kantun sadaya | anèng nagri Garêsik | Panji Surèngrana | mangkat sawadyanira | ingkang kinarya pangarsi | Kyai Juragan | tan kawarna ing margi ||

10. lampahira sampun praptèng nagri Jipang | sigra campuh tumuli | lan wong Kartasura | myang sagung pra punggawa | pêpak wong môncanagari |

--- 18 : 52 ---

nèng nagri Jipang | kang minôngka têtindhih ||

11. Ki Tumênggung Surawijaya ing Jipang | langkung ramening jurit | ya ta Ki Juragan | Bali sigra umangsah | têdhak saking ing turanggi | angamuk rampak | wong têtêbusan ngiring ||

12. Ki Juragan Bali tandange lir yaksa | kang tinarajang gusis | wadyabala Jipang | kathah longe kang pêjah | tuwin wong môncanagari | akèh pralina | sigra mundur tumuli ||

13. sakathahe punggawa môncanagara | myang wong Kartasurèki | kèngsêr barisira | wontên sakilèn kitha | desa Barongkol dèn goni | sagung punggawa | prasami abêbiting ||

14. kitha Jipang anênggih sampun kancikan | dhatêng Surèngranèki | sigra wontên duta | prapta atur uninga | yèn Sidayu dèn anciki | dhatêng Ki Rôngga | Tuban myang wong pasisir ||

15. ing bang kilèn ingirid dhatêng Ki Rôngga | sigra Juragan Bali | kinèn umangsaha | mring Sidayu nagara | sampun binêktan wong Bali | sèkêt kèhira | nulya mangkat tumuli ||

16. Ki Juragan Bali lampahe wus prapta | ing Sidayu nagari | campuh punang yuda | angamuk Ki Juragan | Ki Rôngga Tuban tan gingsir | ramya kang yuda | wong pasisir kèh mati ||

17. Kyai Rôngga wus malayu marang Tuban | lawan wadyèng pasisir | Sidayu wus bêdhah | kancikan Ki Juragan | sagunging bala pasisir | ngumpul mring Tuban | pan sampun abêbiting ||

18. Ki Juragan Bali angungsi mring Tuban | sigra

--- 18 : 53 ---

angrangsang biting | nanging nora kangkat | Kyai Rôngga ing Tuban | darbe têtukon wong Bali | mung tigang dasa | sigra kinon miyosi ||

19. ananggulang yudane Kyai Juragan | nulya têmpuh ing jurit | kuwêl dènnya yuda | wong Bali tigang dasa | pangamukira angungkih | Kyai Juragan | panggah datan gumingsir ||

20. wong têtukon tandange lir singarudra | kang tinarajang gusis | wonge Ki Juragan | akathah ingkang pêjah | miwah wadyanira Panji | kang tinindhihan | marang Juragan Bali ||

21. tiyang Bali sèkêt pan tumpês sadaya | siji tan ana kari | sira Ki Juragan | sigra mundur lon-lonan | pan sampun atur upêksi | mring Surèngrana | yèn kasor dènnya jurit ||

22. sigra Panji Lamongan langkung bramatya | nulya mangkat mring Tubin | lan sawadyanira | sampun prapta ing Tuban | lajêng campuh punang jurit | ramening yuda | wong Tuban kathah mati ||

23. wus kalindhih yudane Ki Rôngga Tuban | wadyanirakèh mati | kuthanya kancikan | marang Panji Lamongan | nagari Jipang winarni | saungkurira | Surèngrana Apanji ||

24. ingancikan malih mring Kartanagara | myang Surawijayèki | sarta pradandanan | wadyèng môncanagara | sadaya kinêrig malih | dhatêng ing Jipang | sampun agêng kang baris ||

25. Kyai Rôngga Tuban ingkang kawarnaa | anèng Lasêm nagari | sami bêbarisan | wong Pathi [Pa...]

--- 18 : 54 ---

[...thi] lan ing Rêmbang | Kudus Juwana pan sami | abêbarisan | anèng Lasêm nagari ||

26. kawarnaa Ki Tumênggung Cakrajaya | taksih wontên Samawis | anganti Walônda | kang saking Batawiyah | nanging Ki Citrasomèki | kinèn ngluruga | ngrêbat nagari Tubin ||

27. wong pasisir kiwa nênggih kang binêkta | sira mangkat tumuli | tan kawarnèng marga | wus praptèng nagri Tuban | lajêng campuh punang jurit | rame kang yuda | samya rok silih ungkih ||

28. pan kinêpung wau nagari ing Tuban | dening bala pasisir | Panji ing Lamongan | pan kêkathahên lawan | wus kèngsêr sawadyanèki | mring Maronggahan | tinilar kitha Tubin ||

29. wong kang kilèn anganciki kitha Tuban | ya ta ingkang winarni | Kyai Cakrajaya | budhal saking Samarang | angirid bala Kumpêni | pan sabragada | tanapi tiyang Bugis ||

30. lan Makasar tiyang Trênate Sêmbawa | Ambon Minangkabwèki | watawis sanambang | dene pangagêngira | Kumêndur Gobyo namèki | lawan Kapitan | Krêsbun andêling jurit ||

31. sira Amral Baritman kantun Samarang | lawan bala Kumpêni | nênggih sabragada | aso anèng Samarang | Ki Patih Cakrajayèki | lajêng mring Tuban | angêrig wong pasisir ||

32. praptèng Tuban Ki Cakrajaya utusan | mring Ki Kartanagari | kinèn lumaksana | mring nagri Surabaya | ywa ngrawati riwuk margi | têka lajua | marang ing Surawèsthi ||

--- 18 : 55 ---

33. pan manira amancal saking ing Tuban | anjog ing Surawèsthi | ya ta sampun rêmbag | Kyai Kartanagara | wus mangkat sawadyanèki | miyos ing dharat | kang tinuduh mring wuri ||

34. Ki Tumênggung Surawijaya ing Jipang | kinon jaga nagari | bilih Surèngrana | ngawad iwud ing wuntat | Ki Cakrajaya Apatih | pan sampun mancal | lawan bala Kumpêni ||

35. miyos laut sampun lajêng lampahira | kang tinilar ing Tubin | Arya Kudus lawan | pêpatih ing Japara | kang aran Ki Wiramantri | kang kawarnaa | Panji Surèngranèki ||

36. duk Ki Patih Cakrajaya anèng Tuban | lèngsèr Surèngranèki | saking Maronggahan | sarêng ki patih mancal | sira Panji wangsul malih | mring Maronggahan | lawan Juragan Bali ||

37. Ki Juragan tansah apikir ing nala | kayaparan Si Panji | dènnya bôndayuda | mungsuh wong sanagara | dèn lurugi mring pêpatih | Si Surèngrana | dadi mungsuh sang aji ||

38. ingsun iki dadi milu wong duraka | ciptane ati mami | kala ingsun dagang | layar anèng lautan | mila ingsun iki sugih | barkating nata | kang ingsun pundhi-pundhi ||

39. mila ingsun sugih êmas myang salaka | tan lyan barkat narpati | sun suwun ing murda | ya ta Kyai Juragan | nulya api-api sakit | pan arang mangan | puwasa patigêni ||

40. arsa pamit sarasan pasthi tan suka | mulane apigêring | antuk pitung dina | wau dènira pasa | Ki Juragan lajêng

--- 18 : 56 ---

mising | katur mring Panjya | yèn Ki Juragan sakit ||

41. Ki Juragan Bali kinèn mantuk sigra | mring nagari Garêsik | ginotong ing wadya | wêlingira Apanjya | hèh poma Juragan Bali | yèn sira waras | nuli balia maning ||

42. tan kawarna ing marga Kyai Juragan | sampun praptèng Garêsik | nulya mangan sêga | sakite wus waluya | ya ta gantya kang winarni | Rêkyana Patya | Cakrajaya wus prapti ||

43. lan Kumêndur Gobyo wau rowangira | sami jujug mring loji | nênggih kacarita | loji ing Surabaya | Walandi kang jaga kêdhik | mung kawan dasa | samya angati-ati ||

44. pan mèh bêdhah rinuruh dening kang mêngsah | nulya Rêkyana Patih | Cakrajaya prapta | myang sagung pra punggawa | wus pêpak nèng Surawèsthi | sawadyanira | tuwin sagung Kumpêni ||

45. Ki Tumênggung Kartanagara wus prapta | nagari Surawèsthi | baris kidul kitha | aran desèng Sapanjang | nulya angaturi tulis | marang sang nata | miwah Rêkyana Patih ||

46. Cakrajaya prasamya ngaturi sêrat | dhatêng sri narapati | duta lumaksana | wus praptèng Kartasura | sêrat katur ing narpati | wus tinukpiksatinupiksa. | bêbukaning kang tulis ||

47. sêratira Kiyai Kartanagara | pinariksa ing aji | kacayankacaryan. sang nata | andangu marang duta | iki sapa kang anulis | duta wotsêkar | pukulun kang anulis ||

48. abdi dalêm kêkasih pun Saratruna | anaking Sarawadi | lingira sang

--- 18 : 57 ---

nata | warahên gustinira | carike sun pundhut mangkin | dèn ulihêna | marang Kartasurèki ||

49. kang caraka kêkalih sampun tinulak | pan binêktanan tulis | punang duta mêsat | ya ta kang kawarnaa | kang baris ing Surawèsthi | ayun-ayunan | prasamya abêbiting ||

50. sakathahe punggawa ing Kartasura | tuwin bala Kumpêni | prasami prayitna | mariyême tinata | tanapi wong Surawèsthi | prayitnèng baya | tan ana sêdya urip ||

51. kawarnaa para dewata têtiga | kang anèng ing Garêsik | susah manahira | sira Dewa Kaloran | sarêng dhatêng lajêng sakit | nulya angundang | marang Juragan Bali ||

52. Ki Juragan Bali sampun praptèng ngarsa | Dewa Kaloran angling | hèh Kyai Juragan | manira atêtanya | kayapa wartane mangkin | ing bêbarisan | pan sira lagi prapti ||

53. Ki Juragan Bali alon saurira | nênggih mangke Ki Panji | anèng Maronggahan | mungsuhe kathah prapta | myang kang dhatêng Surawèsthi | pêpatih nata | Cakrajaya namèki ||

54. para dewa anjêtung tan kêna ngucap | mirsa tuturirèki | sira Ki Juragan | angling Dewa Kaloran | marmane manira prapti | ing nuswa Jawa | sanggupe ya Si Panji ||

55. pakonipun Sunan Pakubuwana |Kurang satu suku kata: pakonipun Susunan Pakubuwana. mêngko patihnya prapti | yèn pakonanea | môngsa dèn lurugêna | pêpatihe sri bupati | hèh ya Juragan | manira mêngko mulih ||

--- 18 : 58 ---

56. Ki Juragan Bali alon saurira | yèn dika arsa mulih | mring Nusakambangan | kawula atur wikan | dhatêng rêkyana apatih | pamrih kawula | dika antuka margi ||

57. yèn Tumênggung Cakrajaya datan suka | dika tan antuk margi | pan nagri Madura | Sumênêp Pamêkasan | kaparentah mring ki patih | nênggih paduka | tumut marang pun Panji ||

58. yêkti dika amêngsah wong sanagara | pun Surèngrana Panji | duraka ing raja | angling Dewa Kaloran | sakarsanta sun turuti | Kyai Juragan | Bali utusan aglis ||

59. tur uninga mring Apatih Cakrajaya | punang duta wus prapti | nagri Surabaya | wus cundhuk lan apatya | kang caraka atur tulis | dyan tinupiksa | dhatêng rêkyana patih ||

60. Ki Tumênggung Cakrajaya langkung suka | mirsa ungêling tulis | tinulak kang duta | sarta Kyai Juragan | tinimbalan mring ki patih | lan angatêrna | sagung para dewèki ||

61. duta prapta Ki Juragan langkung tustha | sagung para dewèki | ingaturan budhal | miwah Kyai Juragan | angatêrakên ing margi | mring para dewa | ing Palasa wus prapti ||

62. para dewa sampun lajêng lampahira | sira Juragan Bali | dhatêng Surabaya | sami ungkur-ungkuran | Ki Juragan aglis prapti | ing Surabaya | sowan marang ki patih ||

63. Ki Tumênggung Cakrajaya suka ing tyas | dènira aningali | marang Ki Juragan | dening gagah prakosa | dêdêge agêng ainggil | sugih santana | Ki Juragan tinari ||

--- 18 : 59 ---

64. apa wani marang Panji Surèngrana | Ki Juragan turnèki | apurun gêcêka | mring Panji Surèngrana | ing pundi gène kapanggih | pun Surèngrana | purun atakêr gêtih ||

65. Ki Tumênggung Cakrajaya angandika | yayi Tumênggung Têgil | sira nindhihana | marang adhi Juragan | gawaa punggawa kalih | Barêbês lawan | yayi ing Lèpèntangi ||

66. Ki Tumênggung Têgal ature sandika | sigra mangkat tumuli | lawan Ki Juragan | tan kawarna ing marga | wus praptèng nagri Garêsik | lajêng umangsah | mring Lamongan nagari ||

67. Panji Surèngrana mangkya lagya prapta | sawadyanya umiring | saking Maronggahan | sampun praptèng Lamongan | nulya Ki Juragan Prapti | sawangsanira | lawan Tumênggung Têgil ||

68. dyan ginêcak wau nagari Lamongan | rame dènira jurit | sira Ki Juragan | têdhak saking turôngga | angamuk sawadyanèki | lir singalodra | kang tinarajang gusis ||

69. wus kalindhih yudane Panji Lamongan | wadyanirakèh mati | kèngsêr saking kitha | lumayu dhatêng wana | kulawarganira ngiring | bala Lamongan | tan ana têluk siji ||

70. Ki Tumênggung Surawijaya ing Jipang | saking kilèn nadhahi | Ki Rôngga ing Tuban | saking êlor narajang | Panji Lamongan tan gingsir | mêmpên ing wana | dahat tan kêna pinrih ||

71. sami lênggah sagung kang para punggawa | sigra mundur tumuli | Ki Tumênggung Têgal | miwah Kyai Juragan | wus mundur marang Garêsik | sawadyanira |

--- 18 : 60 ---

ya ta ingkang kawarni ||

72. Ki Tumênggung Kartanagara kalawan | Patih Cakrajayèki | prasami utusan | marang ing Kartasura | saha angaturi tulis | lan Saratruna | ingaturakên mangkin ||

73. mring sang nata sarya ngaturi uninga | yèn Juragan Garêsik | agêng manahira | purun nglabuhi karya- | nira kangjêng sri bupati | duta wus prapta | cundhuk lawan sang aji ||

74. Saratruna wus katur ngarsa narendra | langkung tustha sang aji | sigra tinimbalan | sira Ki Saratruna | wus kinarya lurah carik | ngalihkên aran | Carik Bajra namèki ||

75. sri narendra ngandika dhatêng caraka | warahên si apatih | mêngko Si Juragan | Bali dèn gêmpalêna | têlung atus wong Garêsik | sun wèhi aran | Ngabèi Tohjayèki ||

76. punang duta atur sêmbah sigra mêdal | tan kawarna ing margi | praptèng Surabaya | matur dhatêng ki patya | yèn katarima turnèki | Ki Cakrajaya | langkung suka ing galih ||

77. Ki Juragan nulya wau tinimbalan | dhatêng ing Surawèsthi | lan Tumênggung Têgal | Kyai Puspanagara | Garêsik nênggih kang kari | kinon ajaga | nagari ing Garêsik ||

78. Ki Tumênggung Têgal praptèng Surabaya | lawan Juragan Bali | sampun ingaranan | Ki Ngabèi Tohjaya | kalangkung suka ing ati | kang kawarnaa | Panji Kartayudèki ||

79. aranipun Dipati Jayapuspita | ing mangke lagi prapti | saking nagri Daha | datan malêbèng kitha | angrêriwuk anèng

--- 18 : 61 ---

jawi | kèhing kang wadya | rongèwu winatawis ||

80. bala Kartasura kang baris Sapanjang | nênggih kang dèn setani | wong Kartanagaran | tan bisa golèk pangan | yèn sampuna kanthi biting | watawis rusak | wadyèng Kartasurèki ||

81. ngiwad-ngiwud sira Panji Kartayuda | pinarapat kang dasih | bêdhug dalu prapta | ngamuk sawadyanira | bakda subuh prapta malih | angamuk rampak | wanci ngasar pan prapti ||

82. sêdhih kingkin ingkang baris ing Sapanjang | tan ana kang binukti | Panji Kartayuda | kang ngadhangi ing marga | ya ta gantya kang winarni | Ki Cakrajaya | apirêmbagan sami ||

83. lan Kumêndur Gobyo wau rowangira | angling rêkyana patih | lah kumêndur nêdha | mangsah ing adilaga | punapa ingkang dèn anti | pan sampun lama | nèng nagri Surawèsthi ||

84. ngling Kumêndur Gobyo hèh ki patih nêdha | sigra rêkyana patih | undhang mring punggawa | kinèn sami siyaga | sakapraboning ajurit | sagung punggawa | nêmbang têngara atri ||

85. nulya mêdal wau sagung pabitingan | wadyalit samya kardi | tingkês lawan jagang | ingkang lumampah ngarsa | dene tatane kang baris | Kumpêni têngah | dadya dhadhaning jurit ||

86. tuwin wadya Bugis Makasar Sêmbawa | tan têbih lan Walandi | kang dadya pangawat | Dipati Jayaningrat | anindhihi wong pasisir | ingkang pangiwa | dadi pangawat keri ||

87. ingkang têngên pan dadi pangawat kanan | kang pinôngka [pi...]

--- 18 : 62 ---

[...nôngka] têtindhih | Kyai Adipatya | Citrasomèng Japara | Tumênggung Cakrajayèki | pan anèng têngah | tunggil lawan Kumpêni ||

88. kadya mêndhung barise rêkyana patya | awor baris Kumpêni | tan kêna winilang | sakèh papan kèbêkan | tanapi wadyèng pasisir | tanpa wilangan | tinon lir parwatapi ||

89. wadyèng Surabaya sampun asiyaga | kang anindhihi baris | nênggih arinira | Arya Jayapuspita | warnane anom apêkik | pan sanès biyang | lan Jayapuspitèki ||

90. kêkasihe gantyani swargining raka | ran Jangrana Ngabèi | kang kinarya dhadha | wadya kaum sadaya | sami arasukan putih | para ngulama | pitung atus kèhnèki ||

91. para kêtib tinon lir kuntul sarawa | sami anyothe cundrik | sarya ngagêm watang | tan kêna kawoworan | sira Ki Pangulu Akim | ingkang minôngka | têtindhihing pra mantri ||

92. lan Pangulu Tambakaji sisihira | sagung kang para mantri | mantri Surabaya | kang kinarya pangawat | dene Kyai Adipati | Jayapuspita | munggèng ing wuri têbih ||

93. sigra budhal saking salêbêting kitha | rêbat papan ing jurit | dhusun Pakapasan | nênggih dènira mapan | Kumêndur Gobyo glis prapti | sawadyanira | myang punggawa pasisir ||

94. sigra campuh wau dènira ayuda | Walônda ambêdhili | kaum Surabaya | sami mêndhak sadaya | anèng ara-ara nênggih | Kumpêni [Ku...]

--- 18 : 63 ---

[...mpêni] sigra | wanti-wanti ambêdhil ||

95. sampun pêtêng samadyaning adilaga | dening kukusing bêdhil | kaum Surabaya | sarêng pangamukira | sira Ki Pangulu Akim | mangamuk nêngah | lawan Ki Tumbakaji ||

96. ki pangulu kalih tandange lir yaksa | galak amôngsa daging | kukusing sundawa | sinusupan kewala | sampun campuh punang jurit | rame kang yuda | apanggih padha wani ||

97. Angabèi Jangrana sigra angatag | marang ing para mantri | Dêmang Wirasraya | myang Ranggalawe sira | Dêmang Ngêbês aywa kari | lan Singarana | Singalaga pratuwin ||

98. Sêcapura kalawan Ki Sindubaya | sami andêling jurit | kinèn anggitika | pangawat ingkang kiwa | lawan kaponakannèki | Jaka Tangkêban | anênggih kang wêwangi ||

99. têtilare Ki Adipati Jangrana | warnanira apêkik | nanging maksih bocah | sira Jaka Tangkêban | kinarya têtindhih mantri | sigra umangsah | nêmpuh pangawat keri ||

100. sarêng ngamuk para mantri Surabaya | tandangira ngajrihi | Ngabèi Jangrana | sigra wau umangsah | ingiring wong talangpati | pangawat kanan | nêngguh ingkang ginitik ||

101. sarêng campuh pangawat keri lan kanan | sanjata sarêng muni | mriyêm lan gurnada | swaranya kadi gêlap | sakêthi pan sarêng muni | barung lan surak | lwir bêlah kang pratiwi ||

102. ramening prang tibaning mimis lir udan | gumêr sambating kanin | myang putunging watang | tikêle

--- 18 : 64 ---

kang warastra | suwèking bandera atri | myang kang daludag | lêlayu anglimputi ||

103. ing paprangan pêtêng dhêdhêt alimêngan | riwut lir têngah wêngi | kaum Surabaya | sura pangamukira | anêmpuh bala Kumpêni | ulêng-ulêngan | kumpêni datan gingsir ||

104. para kêtib tandangira kadi yaksa | watang wus tanpa kardi | mamuk lan curiga | sami kuthah ludira | ingkang sami bajo putih | kadi sangkêlat | abang lamun kaèksi ||

105. wadya Bugis Makasar sarêng umangsah | tulung marang Kumpêni | kaum Surabaya | liwung pangamukira | wong Bugis tinêmpuh wani | rame kang yuda | sami lêmbing-linêmbing ||

106. ting barêkuh swarane kang bôndayuda | pêdhang-pinêdhang sami | kêtib Surabaya | tandangnya lir danawa | sêdhênge amôngsa daging | nuduk anigas | gulu manguwir-uwir ||

107. wadya Bugis Makasar gêmpang suh sirna | tuwin bala Kumpêni | tumpês sabragada | wangke lir wêwukiran | ing paprangan banjir gêtih | sarah kumbala | endhe lir palwa konthing ||

108. kang turôngga pêjah anglir pendah karang | dhadhap tamèng myang tamsir | tinon kadya mina | angambang nèng samodra | awor lindhu andhatêngi | agrèng parbata | mènggung lwir rug kang ardi ||

109. kang akasa kêlab kadya bêdhah bêlah | liwêran kilat thathit | lintang sumamburat | tinon kadya kiyamat | bala Kumpêni sirnanting | sisaning pêjah | lumayu ngungsi biting ||

--- 18 : 65 ---

110. kang pangawat keri sigra tinarajang | mring mantri Surawèsthi | tandange lir yaksa | sira Jaka Tangkêban | ingkang kinarya têtindhih | rame kang yuda | mêngsah bala pasisir ||

111. sira Jaka Tangkêban angamuk rampak | kang tinarajang gusis | Dipati Janingrat | sumyur sawadyanira | dèn amuk ing para mantri | wong Pakalongan | sami malayu wingwrin ||

112. ya ta wau Apanji Wiranagara | awas dènnya ningali | yèn Sang Adipatya | Jayaningrat malaywa | arsa pêpulih ing jurit | mingêr barisnya | kasêlak mungsuh prapti ||

113. pan kalingkung Apanji Wiranagara | wadyabala ing Têgil | datan antuk papan | gègèr madyèng palagan | tinêmpuh saking ing wuri | myang keri kanan | para mantri ing Têgil ||

114. sami dhepok tan ana ingkang lumajar | kawratan sihing gusti | wadya Surabaya | asru panêmpuhira | wong Têtêgal dèn bêdhili | pan tinowokan | binusur lan linêmbing ||

115. kacarita Apanji Wiranagara | darbe ari satunggil | aran Agrayuda | nangis nungkêmi pada | tuwin ingkang para mantri | sami karuna | sarya matur ing gusti ||

116. gustiningsun Apanji Wiranagara | lumayua tumuli | rêbuta koripan | ngungsia pabitingan | patine ingsun andhêmi | anggèr paduka | tulusa mukti sari ||

117. sira Panji Wiranagara ing Têgal | amicarèng jro ati | nadyan lumayua | môngsa wurunga pêjah | mandah ucape ing bumi |

--- 18 : 66 ---

yèn sun lumajar | benjing nak putu mami ||

118. sri narendra tan arsa angabdèkêna | utamaning bupati | pêjah ngadilaga | angling Wiranagara | ing sakèhe sanak mami | ngong milu pêjah | ambelani sirèki ||

119. wadyabala ing Têgal kathahên lawan | kiwul-kiwul tanpolih | mantri Surabaya | langkung sudirèng rana | lagya winong ing Hyang Widi | jinajayèng prang | marma tanpolih tandhing ||

120. Sang Apanjya Têtêgal lir Partatmaja | duk rinêbut ing jurit | marang wong Ngastina | ingkang para santana | kawan dasa kathahnèki | tumpês sadaya | siji tan ana urip ||

121. kang ambêkta bawat lante lan kandhaga | pêjah ngarsaning gusti | sira Sang Apanjya | Wiranagara Têgal | jajanira akrêp kanin | pating paluncar | niba nulya ngêmasi ||

122. marang gone kalih atus ingkang pêjah | parêk kalawan gusti | wadya Surabaya | samya asêmu waspa | niat kunarpanirèki | Wiranagara | bagus lêgawèng pati ||

123. kawarnaa Ki Tumênggung Cakrajaya | mundur sawadyanèki | Kumpêni wus rusak | kumêndur ing Samarang | tan pisah lawan ki patih | sabalanira | angungsi marang biting ||

124. kang pangawat têngên wus sumyur sadaya | datan amôngga pulih | akèh kang palastra | kasêbyur jroning toya | Ki Ngabèi Tohjayèki | tumut pangawat | kanan sarowangnèki ||

125. praptinira Kyai Ngabèi Tohjaya | arsa nanggulang jurit | nging kèlês [kèlê...]

--- 18 : 67 ---

[...s] ing wadya | ingkang sami malaywa | dadya akiwul tanpolih | wêkasan misah | lumampah nurut kali ||

126. manggih jungkung anèng sapinggiring toya | nulya dipun tindhihi | lan sarowangira | karsanirèng wardaya | angulari ki apatih | kapanggih sigra | mêntas sarowangnèki ||

127. wus malêbêt marang jroning pabitingan | panggih lawan ki patih | sami ngungunira | aturipun Tohjaya | kiyai dika tangguhi | sampun lumajar | darapon tiyang alit ||

128. wontên pangungsène kang sami lumaywa | tuwin bala Kumpêni | sasisane pêjah | dening jasad kawula | sampeyan damêl pangarsi | Ki Cakrajaya | langkung tustha ing ati ||

129. amiyarsa ature Panji Tohjaya | nulya bala pasisir | kang sami lumajar | wus samya tinimbalan | kacarita ki apatih | adarbe wadya | wolung dasa kèhnèki ||

130. wayahira sadaya sami taruna | rinayat tur ginajih | nênggih ingaranan | tiyang tarunasura | sami kinulambèn kuning | asikêp watang | mamas sami jininggring ||

131. dening bala kapatihan ingkang kathah | dadya pangawat keri | myang pangawat kanan | Kiyai Sutayuda | ingkang minôngka têtindhih | lan Ekatruna | sami angrêksa biting ||

132. munggèng keri Ki Ngabèi Sutayuda | kanan Ekatrunèki | bala Surabaya | anulya sira prapta | angêlut dhatêng ki patih | umung kang surak | gong bèri asru muni ||

133. galaganjur tinêmbang munya angangkang |

--- 18 : 68 ---

barung lan carabali | wadyèng Kartasura | angrês ing manahira | miyarsa gamêlan atri | wong Surabaya | alok sarya bêdhili ||

134. nulya ngrangsang bitinge Ki Cakrajaya | sigra campuh kang jurit | wadya trunasura | tinêmpuh barisira | wong trunasura tan gingsir | rame kang yuda | samya rok silih ukih ||

135. Ki Tohjaya pangamuke kadi yaksa | nèng ngarsane ki patih | bala Surabaya | kang tinarajang bubar | Tumênggung Cakrajayèki | angagêm rotan | nindhihi anèng wuri ||

136. samangsane wong trunasura mêngkaba | ki patih anudingi | ngrotan sarya mojar | hèh bocah trunasura | lah padha wangsula malih | aywa lumajar | ingsun anjaluk kardi ||

137. marang sira sapisan iki kewala | wong trunasura bali | sabên arsa mêngkab | Tumênggung Cakrajaya | kadya punika dènnyangling | wong trunasura | dadya kukuh kang jurit ||

138. pra punggawa pasisir mawur sadaya | sami ngungsi ki patih | wadya Surabaya | asru pangêludira | kang kacandhak dèn pêjahi | wong Pakalongan | akèh longe kang mati ||

139. Ki Tumênggung Puspanagara ing Batang | maksih kathah kang ngiring | lumayu lon-lonan | ngungsi Ki Cakrajaya | sarêng parêk lan ki patih | wong trunasura | wau ingkang nulungi ||

140. sampun kumpul lan Tumênggung Cakrajaya | wus binubuhan biting | Kyai Citrasoma | myang Dipati Janingrat | anunggal dadi sawiji | wong Surabaya | kang buru

--- 18 : 69 ---

sampun prapti ||

141. anarajang bitinge Ki Ekatruna | sampun campuh kang jurit | rame dènnya yuda | sira Ki Ekatruna | anênggih katiban mimis | jajanya bêngkak | niba sampun ngêmasi ||

142. kancanipun prasamya mawur sadaya | wadya ing Surawèsthi | tandange lir yaksa | mèh munggah pabitingan | ki patih angatag aglis | wong trunasura | sigra kinon nulungi ||

143. myang Kumpêni sami atulung ing yuda | ya ta kasapwèng ratri | mantri Surabaya | mundur sarwi ambêkta | kunarpanira Apanji | Wiranagara | sawadyanya kang mati ||

144. karsanira pinêtak ing Surabaya | sasanake kang lalis | datan kênthang-kênthang | binêkta mring jro kitha | Ki Arya Japuspitèki | mundur mring kitha | sawadyanya umiring ||

145. praptèng wisma sigra anabuh gamêlan | munggang pinirsa atri | bala Kartasura | angrês sêngkalanira | lar dadi obahing bumi |Sengkalan: lar dadi obahing bumi (1642 A. J., 1717/1718 A.D.). kang kawuwusa | Panji Surèngranèki ||

146. sampun budhal wau saking wana Jipang | arsa nukup ing jurit | bala Kartasura | kang abaris Sapanjang | lampahira sampun prapti | ing Surabaya | sawadyanya umiring ||

147. kawarnaa Tumênggung Surawijaya | sampun miyarsa warti | lamun Surèngrana | bala saking ing wana | nulya nusul sawadyèki | praptèng Sapanjang | masanggrahan tumuli ||

148. bala Kartasura asrêp manahira | ingkang sami abaris | anèng ing Sapanjang | antawis tigang dina | wong Surabaya dhatêngi | rame

--- 18 : 70 ---

kang yuda | ing wayah madya ratri ||

149. Rônggalawe saking lèr dènnya narajang | Panji Surèngranèki | nêmpuh saking wetan | Apanji Kartayuda | saking kidul andhatêngi | wong Kartasura | lir gabah dèn intêri ||

150. Ki Tumênggung Surawijaya ing Jipang | sura pêngkuh ing jurit | wadyabala Jipang | nêngguh rinoban lawan | ingurugan busur lêmbing | pasêr lan panah | binendrongan ing bêdhil ||

151. wadya Jipang akathah ingkang kabranan | wong Bali sami gusis | Ki Surawijaya | datan arsa mundura | binendrongan dening bêdhil | nanging tan pasah | ingurugan jêmparing ||

152. mêksih gègèr Tumênggung Surawijaya | sigra dipun pasêri | kêni jajanira | nênggih bucêk satuma | ingusap karaos sakit | kang kawarnaa | Ki Kartanagarèki ||

153. karsanira atêtulung adilaga | sampun dipun ajangi | mring wong Surabaya | datanpantuk tulunga | dènnya jurit têngah wêngi | kongsi raina | sampun pisah kang jurit ||

154. pêndhak sore Tumênggung Surawijaya | kacarita ngêmasi | bala Kartasura | angrês ing manahira | têngah dalu bubar sami | akuceceran | kathah kang kari margi ||

155. sarêng enjing Panji Surèngrana prapta | lawan Kartayudèki | wong môncanagara | sami nungkul kewala | lajêng kinèn anututi | ing lampahira | wadya Kartasurèki ||

156. nênggih miyos ing Garêsik lampahira | akèh

--- 18 : 71 ---

kacandhak margi | bala Kartasura | miyos nagri Samarang | Apanji Surèngranèki | Bali Nglamongan | dènira anututi ||

157. ênêngêna sira Panji Surèngrana | gantya ingkang winarni | pun Amral Baritman | wus praptèng Surabaya | angirid bala Kumpêni | kalih bragada | apan sampun apanggih ||

158. lan kumêndur myang Tumênggung Cakrajaya | kumêndur sigra warti | yèn kasor kang yuda | Kumpêni kathah pêjah | Amral sigra banting topi | kalangkung duka | mundhut sêmprong tumuli ||

159. wus sinêmprong nagara ing Surabaya | Amral ebat ningali | anggoyang kapala | amundhut pari sigra | ginantung munggèng ing ngarsi | Amral Baritman | kacatur arang bukti ||

160. lamun arsa mangan anisil kewala | miwah yèn arsa guling | asare anungsang | wus antuk tigang dina | angucap mring ki apatih | Ki Cakrajaya | nagari Surawèsthi ||

161. langkung awrat nênggih pangraos kawula | lami kula don jurit | nagri tanah sabrang | akathah ingkang pêcah | dhatêng kawula ing nguni | tan ngraos wêgah | gèn kawula don jurit ||

162. amung mangke nagara ing Surapringga | kula ebat ningali | yèn tan nglampahana | ayahaning ing jendral | sayêkti kawula bali | datan kaduga | bêdhahing Surawèsthi ||

163. anging mangke ki patih atur kawula | sampun alit kang galih | inggih pintên bara | wontên sihing Hyang Suksma | sarta bêrkating narpati | ing Surabaya | pêcah dene

--- 18 : 72 ---

ing mami ||

164. Ki Tumênggung Cakrajaya pirêmbagan | lan punggawa pasisir | prakawis ing tingkah | rewang ngulari papan | para punggawa turnèki | ingkang prayoga | pun adhi Tohjayèki ||

165. kang dadosa têtindhihing wadyabala | ngulari bêras pari | Kyai Cakrajaya | mèsêm alon lingira | emane tan duwe kanthi | adhi Tohjaya | duwea kanthi siji ||

166. yêkti dadi dandanan luwih prayoga | kang si mak lan si adhi | Kyai Citrasoma | matur dhatêng apatya | pun Arya Kudus anênggih | pan darbe sanak | Sirnayuda namèki ||

167. Panêmbahan Makaos kang darbe têdhak | purunipun nglangkungi | yèn mirsèng sanjata | kêdah ngamuk kewala | tan beda kalawan adhi | Dyan Sirnayuda | nulya dipun timbali ||

168. wus kinarya kanthine Kyai Tohjaya | minôngka senapati- | ning wadya anglarag | bala ing Kartasura | sami angsal bêras pari | kang kawarnaa | Pangeran Madurèki ||

169. tinimbalan marang nagri Surabaya | dening rêkya apatih | nanging ing Madura | lagya amanggih karya | aprang lan mantunirèki | Arya Dikara | Pamêkasan nagari ||

170. marmaning prang garwane Arya Dikara | purik dipun kukuhi | marang ingkang rama | Pangeran Cakraningrat | marmanira dadya jurit | pan long-linongan | wong ing Sampang kalindhih ||

171. dening bala Pamêkasan wong ing Sampang | akathah kang ambalik | milya Radèn Arya | Dikara duk samana |

--- 18 : 73 ---

pangeran kewran ing galih | dyan arinira | Ki Arya Senapati ||

172. Radèn Suradiningrat kinèn maguta | ngirid sagung prajurit | budhal saking kitha | sapraptanirèng rana | rahadyan amalih kapti | supe ing kadang | dènira rêbut singgih ||

173. kait lawan Jangkewuh mantri panuwa | sigra utusan aglis | marang Surabaya | atur wêwadulira | yèn kang raka tuhu balik | duta wus prapta | cundhuk lawan apatih ||

174. sampun matur saaturira Rahadyan | Suradiningrat nênggih | lamun ingkang raka | mangkya sêdya abôngga | kait lan wong Surawèsthi | yèn wontên karsa | kawula ananggupi ||

175. angrêmêda ing pun kakang Cakraningrat | dening salahing gusti | pan inggih kawula | malang datan ginêga | kathah wêwadulirèki | marang apatya | tuwin marang Kumpêni ||

176. langkung suka Ki Tumênggung Cakrajaya | Amral suka ing galih | sampun aputusan | marang Kumpêni kapal | Kapitan Kartas namèki | kinèn jathoka | muara Madurèki ||

177. miwah wadya Sumênêp kaparentahan | milya ing radèn jurit | duta wus tinulak | praptèng nagri Madura | katur sasolahirèki | Suradiningrat | langkung suka ing galih ||

178. kunêng Pangran Cakraningrat winursita | sampun ngaturan uning | lamun arinira | sêdya mungsuh ing raka | langkung wagugên tyasnèki | sigra utusan | maring nagari Bali ||

179. minta tulung dene mungsuh arinira |

--- 18 : 74 ---

wau ta kang winarni | Dyan Suradiningrat | barise wus angrêbda | wadya Sumênêp wus nunggil | myang Pamêkasan | ngumpul barisirèki ||

180. miwah bala Madura suyud sadaya | kèsisan sang dipati | budhal barisira | arsa mrêpêki kitha | datan kawarna ing margi | prapta ing kitha | Tunjung agya rinampid ||

181. pan kinêpung Sang Dipati Cakraningrat | mêmpên dalêmirèki | prajurit kang nêngga | nêmatus winatara | ing sabên dinakèh mijil | nungkul ing Radyan | Suradiningrat sami ||

182. dadya kewran Sang Dipati Cakraningrat | tinilar ing wadyalit | dadya mupus ing tyas | pan arsa angungsia | pangeran marang Kumpêni | tuwin apatya | sêdya mring Surawèsthi ||

183. wus sayaga lan saputra garwanira | sêdya numpak jaladri | wau balanira | Radyan Suradiningrat | saking jawi ambêdhili | dadya pangeran | gugup wus budhal aglis ||

184. apan sampun andhingini dutanira | mring Kumpêni wèh uning | ingkang anèng kapal | sira Kapitan Kartas | kalangkung suka tyasnèki | iya matura | ingsun ingkang nulungi ||

185. pan Kumpêni besuk ingkang angulihna | marang Madura malih | miwah ki apatya | rêmbuge wus anèngwang | pan ingsun kinèn ngaturi | mring Surabaya | saputra garwanèki ||

186. myang kang dasih kang sami trêsna binêkta | numpak ing palwa konthing | ngunjal maring kapal | pangeran sampun prapta | minggah ing kapal tumuli | sira [si...]

--- 18 : 75 ---

[...ra] Kapitan | Kartas mêthuk ing jawi ||

187. wus binêkta pangeran minggah ing kapal | urmatira nglangkungi | samya lunggwèng petak | wau kang garwa prapta | kapitan amêthuk malih | nèng jawi petak | garwa minggah tumuli ||

188. cinandhak kang asta dènira kapitan | urmat sêdyanirèki | sarwi ngicêl jôngga | wus tataning Walônda | tan pae jalu lan estri | saking gêng urmat | nging sang dyah salah tampi ||

189. pan gumêtêr anjrit Radèn Ayu Sampang | kang sinambat sarya jrit | wau ingkang raka | pangran kagyat miyarsa | kang muka lir raup gêtih | andik kang netra | mawinga-winga wêngis ||

190. krodha narik curiga sira kapitan | ginoco lambung keri | niba kapisanan | lajêng pangamukira | wadya Kumpêni ngêbyuki | gya pinarbutan | pinistul myang kinarbin ||

191. pan kaslêpak Kumpêni sami amêdhang | nanging pangran tan busik | mangamuk manêngah | manuduk kang katiban | pêjah tan kongsi ming kalih | myang putranira | milwa mamuk mangukih ||

192. abusêkan gègère sajroning palwa | Kumpêni kèh ngêmasi | myang kang nandhang brana | tandangira pangeran | lir singalodra ngajrihi | kurahkuthah. ludira | gêmpang wadya Kumpêni ||

193. cinarita Kumpêni sakapal têlas | akêdhik ingkang kari | amung gala-gala | kang maksih sami mangsah | samya ngagêm gosok bêdhil | sira pangeran | sayahe dèn gêbugi ||

194. myang tinubruk ing kursi pangeran tiba | lênggah gya dèn popori |

--- 18 : 76 ---

myang kang pra atmaja | pêjahe pinoporan | pangeran sampun ngêmasi | murda tinigas | binêktèng Surawèsthi ||

195. kuwandhanya linabuh madyèng samodra | Kumpêni ingkang kari | sigra dènnya layar | marang ing Surabaya | wau ta ingkang winarni | Rahadèn Sura- | diningrat sawadyèki ||

196. pangludira prapta tirahning hèrnawa | wangsul saha wadyaglis | angêbroki kitha | Kumpêni sampun prapta | ing nagari Surawèsthi | sampun apanggya | Amral lan ki apatih ||

197. katur solahira duk anèng lautan | Amral ngungun tan sipi | tuwin ki apatya | langkung pangungunira | dene andêling ajurit | Kapitan Kartas | pêjah myang bala ênting ||

198. Ki Tumênggung Cakrajaya wus utusan | marang Kartasurèki | tur uningèng nata | datan kawarnèng marga | prapta ing Kartasurenjing | punang caraka | cundhuk lan sri bupati ||

199. sampun katur surat saking ki apatya | tinupiksèng narpati | langkung ngungunira | punang duta tinulak | kadhahar saaturnèki | wus pinatêdhan | angsul-angsul narpati ||

200. miwah ingkang nuwala Suradiningrat | pinatêdhakkên aglis | duta tan winarna | ing marga sampun prapta | Surabaya wus apanggih | lan ki apatya | katur sasolahnèki ||

201. langkung suka Ki Tumênggung Cakrajaya | sigra utusan aglis | mring nagri Madura | nimbali Radèn Sura- | diningrat mring Surawèsthi | angriga wadya | myang sakaprabon [saka...]

--- 18 : 77 ---

[...prabon] jurit ||

202. tan winarna caraka praptèng Madura | pan sampun dèn dhawuhi | wau RanènRadèn. Sura- | diningrat sigra-sigra | siyaga kaprabon jurit | myang balakuswa | budhal mring Surawèsthi ||

203. sampun prapta Rahadèn Suradiningrat | ing nagri Surawèsthi | cundhuk lan apatya | miwah Amral Baritman | myang sagung para dipati | pasisir samya | pênuh ngarsa apatih ||

204. pinaringkên nawala dalêm mring Radyan | Suradiningrat nênggih | lamun pinatêdhan | nagara ing Madura | lawan sinungan wêwangi | gantyani raka | Cakraningrat Narpati ||

205. angèstrèni sagung kang para dipatya | miwah Amral ngèstrèni | ing parèntah nata | pan lajêng adhadharan | myang rêmbag masalah jurit | Amral angucap | marang rêkyana patih ||

206. ki tumênggung kadya punapa ing karsa | masalah ing ajurit | apan sampun lama | kèndêl tan ana mangsah | wus sêdhênge magut jurit | apan kawula | antuk têlik prayogi ||

207. kadi wontên pitulungirèng Hyang Suksma | ngari Salasa benjing | nêdha magut yuda | samya ngrabasèng kitha | ki tumênggung anauri | inggih karsanta | manira munggèng wuri ||

136. Pangkur

1. wus rêmbag sagung dipatya | ingundhangan sagung wadyèng pasisir | ing dalu datan winuwus | praptèng ari Salasa | enjing nêmbang têngara Kyai Tumênggung | Cakrajaya wus siyaga | miwah sakaprabon jurit ||

2. punggawèng pasisir samya | asamêkta

--- 18 : 78 ---

tuwin bala Kumpêni | gumrudug swaraning tambur | sira Amral Baritman | wus anunggil lawan sira ki tumênggung | kang pangawat wus tinata | kang munggèng kanan lan keri ||

3. sigra Pangeran Madura | pan tinuduh munggèng pangawat keri | Tuban Garêsik Sidayu | kang dadya kanthinira | anadene wadya pasisir sadarum | dadya panêngên sadaya | dene kang wadya Kumpêni ||

4. tan owah kalawan saban | munggwing dhadha ing wuri kyana patih | budhal kang wadya gumuruh | tingkês jagang ing ngarsa | sira Amral Baritman lawan Kumêndur | Gobyo manitihi wadya | gêgaman lir parwatagni ||

5. Dipati Jayapuspita | wus miyarsa mungsuh yèn andhatêngi | sigra atêngara umung | wong Surabaya kumrab | pan anggrêgut tandangira dulu mungsuh | wau ta rêkyana patya | kalawan bala Kumpêni ||

6. wus acêlak lawan kitha | samya kèndêl kang wadya tata biting | prasamya amasang ulur | mriyêm sampun pinarnah | ing palatar ulur baluwartinipun | wadyèng pasisir sadaya | prasamya amasang biting ||

7. wadyèng Surabaya miyat | lamun mêngsahira angangsêg biting | prasamya minggah ing luhur | amasang mriyêmira | lela kalantaka anakan lan êbum | saksana campuh kang yuda | arame bêdhil-binêdhil ||

8. ngabên sanjata kewala | kang mariyêm munggèng ing baluwarti | swaranya lir parbata rug | surak mangambal-ambal | Ki Dipati Jayapuspita winuwus | minggah

--- 18 : 79 ---

marang pêpanggungan | kodhokngorèke tan kari ||

9. angangkang nèng pêpanggungan | Amral miyat solahe ki dipati | anggoyang kapalanipun | sigra ingarah-arah | kinon nyipat ing mariyêm panggungipun | sinusungan ing gurnada | nanging tibane atêbih ||

10. binendrong panggung ingarah | wadyèng Surabaya malês ambêdhil | ramya kadya gêlap sèwu | kacatur pitung dina | dènira prang mariyêm ing siyang dalu | padhang wismèng Surabaya | ingurugan gutuk api ||

11. nanging wadyèng Surabaya | datan wontên ingkang miris ing galih | kang têngga bêbitingipun | eca angura-ura | kang anggambang arêbab myang kang nyalêmpung | ing wanci pukul sawêlas | wong wadone sami ngirim ||

12. mring lakine kang atêngga | pabitingan Kumpêni aningali | pinasang mariyêmipun | wong wadon kèh sinipat | tan akandhêg eca-eca gendhong sumbul | lumaksanèng pabitingan | Kumpêni eram ningali ||

13. wadyalit ing Surabaya | kang wong desa sabên dina kyèh prapti | miwah ingkang para kaum | saking ing pagunungan | sêdya milya prasamya nanggulang ripu | arsa naur ing sihira | ing gusti sang adipati ||

Lajêng nyandhak jilid: 19.

--- 18 : [0] ---

Isinipun ... Kaca:

108. Adipati Wiranagara (Surapati) dumugi ing janji. (Durma). ... 13

109. Sunan Êmas (Sunan Kendhang) nungkul dhatêng Kumpêni, lajêng dipun aturi tindak dhatêng Batawi. (Dhandhanggula). ... 22

110. Kumpêni nyuwun pêjahipun Adipati Jangrana ing Surabaya. (Dhandhanggula). ... 31

111. Arya Jayapuspita ing Surabaya ambalela mrinani kakangipun. (Dhandhanggula, Durma, Pangkur). ... 45