Sastra Jawa

Program Digitalisasi Sastra Daerah

  • Increase font size
  • Default font size
  • Decrease font size

Babad Tanah Jawi, Balai Pustaka, 1939-41, #1024 (Jilid 19)

Katalog:Babad Tanah Jawi, Balai Pustaka, 1939-41, #1024
Sambung:
1.Babad Tanah Jawi, Balai Pustaka, 1939-41, #1024 (Jilid 01). Kisah, Cerita dan Kronikal | Babad Tanah Jawi #1010.
2.Babad Tanah Jawi, Balai Pustaka, 1939-41, #1024 (Jilid 02). Kisah, Cerita dan Kronikal | Babad Tanah Jawi #1011.
3.Babad Tanah Jawi, Balai Pustaka, 1939-41, #1024 (Jilid 03). Kisah, Cerita dan Kronikal | Babad Tanah Jawi #1012.
4.Babad Tanah Jawi, Balai Pustaka, 1939-41, #1024 (Jilid 04). Kisah, Cerita dan Kronikal | Babad Tanah Jawi #1013.
5.Babad Tanah Jawi, Balai Pustaka, 1939-41, #1024 (Jilid 05). Kisah, Cerita dan Kronikal | Babad Tanah Jawi #1014.
6.Babad Tanah Jawi, Balai Pustaka, 1939-41, #1024 (Jilid 06). Kisah, Cerita dan Kronikal | Babad Tanah Jawi #1015.
7.Babad Tanah Jawi, Balai Pustaka, 1939-41, #1024 (Jilid 07). Kisah, Cerita dan Kronikal | Babad Tanah Jawi #1016.
8.Babad Tanah Jawi, Balai Pustaka, 1939-41, #1024 (Jilid 08). Kisah, Cerita dan Kronikal | Babad Tanah Jawi #1017.
9.Babad Tanah Jawi, Balai Pustaka, 1939-41, #1024 (Jilid 09). Kisah, Cerita dan Kronikal | Babad Tanah Jawi #1018.
10.Babad Tanah Jawi, Balai Pustaka, 1939-41, #1024 (Jilid 10). Kisah, Cerita dan Kronikal | Babad Tanah Jawi #1019.
11.Babad Tanah Jawi, Balai Pustaka, 1939-41, #1024 (Jilid 11). Kisah, Cerita dan Kronikal | Babad Tanah Jawi #1020.
12.Babad Tanah Jawi, Balai Pustaka, 1939-41, #1024 (Jilid 12). Kisah, Cerita dan Kronikal | Babad Tanah Jawi #1021.
13.Babad Tanah Jawi, Balai Pustaka, 1939-41, #1024 (Jilid 13). Kisah, Cerita dan Kronikal | Babad Tanah Jawi #1022.
14.Babad Tanah Jawi, Balai Pustaka, 1939-41, #1024 (Jilid 14). Kisah, Cerita dan Kronikal | Babad Tanah Jawi #1023.
15.Babad Tanah Jawi, Balai Pustaka, 1939-41, #1024 (Jilid 15). Kisah, Cerita dan Kronikal | Babad Tanah Jawi #1024.
16.Babad Tanah Jawi, Balai Pustaka, 1939-41, #1024 (Jilid 16). Kisah, Cerita dan Kronikal | Babad Tanah Jawi #1025.
17.Babad Tanah Jawi, Balai Pustaka, 1939-41, #1024 (Jilid 17). Kisah, Cerita dan Kronikal | Babad Tanah Jawi #1026.
18.Babad Tanah Jawi, Balai Pustaka, 1939-41, #1024 (Jilid 18). Kisah, Cerita dan Kronikal | Babad Tanah Jawi #1027.
19.Babad Tanah Jawi, Balai Pustaka, 1939-41, #1024 (Jilid 19). Kisah, Cerita dan Kronikal | Babad Tanah Jawi #1028.
20.Babad Tanah Jawi, Balai Pustaka, 1939-41, #1024 (Jilid 20). Kisah, Cerita dan Kronikal | Babad Tanah Jawi #1029.
21.Babad Tanah Jawi, Balai Pustaka, 1939-41, #1024 (Jilid 21). Kisah, Cerita dan Kronikal | Babad Tanah Jawi #1030.
22.Babad Tanah Jawi, Balai Pustaka, 1939-41, #1024 (Jilid 22). Kisah, Cerita dan Kronikal | Babad Tanah Jawi #1031.
23.Babad Tanah Jawi, Balai Pustaka, 1939-41, #1024 (Jilid 23). Kisah, Cerita dan Kronikal | Babad Tanah Jawi #1032.
24.Babad Tanah Jawi, Balai Pustaka, 1939-41, #1024 (Jilid 24). Kisah, Cerita dan Kronikal | Babad Tanah Jawi #1033.
25.Babad Tanah Jawi, Balai Pustaka, 1939-41, #1024 (Jilid 25). Kisah, Cerita dan Kronikal | Babad Tanah Jawi #1034.
26.Babad Tanah Jawi, Balai Pustaka, 1939-41, #1024 (Jilid 26). Kisah, Cerita dan Kronikal | Babad Tanah Jawi #1035.
27.Babad Tanah Jawi, Balai Pustaka, 1939-41, #1024 (Jilid 27). Kisah, Cerita dan Kronikal | Babad Tanah Jawi #1036.
28.Babad Tanah Jawi, Balai Pustaka, 1939-41, #1024 (Jilid 28). Kisah, Cerita dan Kronikal | Babad Tanah Jawi #1037.
29.Babad Tanah Jawi, Balai Pustaka, 1939-41, #1024 (Jilid 29). Kisah, Cerita dan Kronikal | Babad Tanah Jawi #1038.
30.Babad Tanah Jawi, Balai Pustaka, 1939-41, #1024 (Jilid 30). Kisah, Cerita dan Kronikal | Babad Tanah Jawi #1039.
31.Babad Tanah Jawi, Balai Pustaka, 1939-41, #1024 (Jilid 31). Kisah, Cerita dan Kronikal | Babad Tanah Jawi #1040.

Regi f 0.50

Babad Tanah Jawi

Jilid: 19

Bale Pustaka - Batawi Sèntrêm

--- 19 : [1] ---

Serie No.1289c

Babad Tanah Jawi

Jilid: 19

Sinuhun Pakubuwana I seda, dipun gêntosi putra

Bale Pustaka - Batawi Sèntrêm - 1940

--- 19 : [2] ---

Wêwênangipun ingkang ngarang kaayoman miturut anggêr ingkang kapacak ing Sêtatsêblad 1912 No. 600

--- 19 : [3] ---

Arya Jayapuspita ing Surabaya ambalela mrinani kakangipun

14. marma wong desa mangkana | lampahira ki dipati ing nguni | ingundhangakên sadarum | desa myang pagunungan | ukur bisa sêmbahyang ing pêthèk luput | miwah saniskarèng karya | nadyan sadesa upami ||

15. puruna salat sadaya | pan sadaya linuputakên sami | ing karya myang takêr turun | miwah pangawang-awang | pinardikakakên wong desa puniku | tan ana sinungan karya | malah atampi pêparing ||

16. amintir saking jro kitha | mila sagung wadya suka ngêmasi | ing nguni Surabayèku | apan payu bismilah | kang ukur wong prasamya anggulang kalbu | laris ingkang palak binas | kang samya lumuh ing kardi ||

17. nahan gantya kawuwusa | Panji Surèngrana samana prapti | saking dènira bêbujung | ing wadya Kartasura | lajêng marang Lamongan lami nèng ngriku | sira Panji Surèngrana | praptane arsa manggihi ||

18. srayane kang lagya prapta | saking Nusakambangan Murah Panji | Balèlèng kêkasihipun | prajurite sanambang | mila prapta Surèngrana kang angipuk | pangêbang kang muni nglayang | wagêde Surèngranèki ||

19. ing nguni Dewa Kaloran | samutunge ing mangkya angsal malih | duk samana wus apangguh | lan Panji Surèngrana | miwah Panji Kartayuda sampun [sampu...]

--- 19 : 4 ---

[...n] cundhuk | anèng dhusun ing Kapraban | wau gènira manggihi ||

20. sinunggyan sinuba-suba | apan arsa binêkta mring nagari | Jayapuspita tanpasung | dèrèng eca kang manah | maksih suka angadu prajurit kaum | arsa dèn pitambuhana | owêl manawa aruntik ||

21. marma kalih arinira | samya kinèn manggihi Murah Panji | yèn benjing kasor ing pupuh | karsanya ki dipatya | Murah Panji Balèlèng kêna dèn adu | suda pangandêling Suksma | supe kodrating Hyang Widi ||

22. ngandêl sasamaning jalma | mila suda yuwananing ajurit | duk srayane dèrèng rawuh | wisma ing Surabaya | kang katiban gutuk api payonipun | kang agni datan tumama | ing mangkya kathah kabêsmi ||

112. Arya Jayapuspita lèngsèr saking kitha badhe mapan wontên ing Japan

23. kunêng ingkang kawuwusa | sira Amral lawan rêkyana patih | miwah Kumêndur Gobyèku | samya apagunêman | tuwin ingkang para dipati sadarum | Kumêndur Gobyo sru ngucap | kadipundi kiki apatih (dan di tempat lain). apatih ||

24. yèn ta anggung makètêna | aprang maryêm tanpa wusanèng jurit | yèn rêmbag nêdha pinagut | sami aprang adhadha | pintên kèhe obat mimis ingkang rawuh | yèn manggunga bêbêdhilan | sawindu pan nora uwis ||

25. pan wadya punika kathah | wong Kumpêni miwah wadyèng pasisir |

--- 19 : 5 ---

myang bala Madura pênuh | karanane punapa | kyana patya angrojongi ing kumêndur | miwah sang Amral Baritman | ngundhangi sagung Kumpêni ||

26. myang Tumênggung Cakrajaya | pra dipatya wus samya dèn undhangi | sayaga arsa umagut | sigra nêmbang têngara | gubar bèri gumrudug swaraning tambur | budhal saking pabitingan | kotbuta wadya Kumpêni ||

27. tataning baris tan owah | kadya sabên jagang lumakwèng ngarsi | kang dèn kabayani amuk | umung kang balakuswa | Ki Dipati Jayapuspita winuwus | miyarsa yèn mungsuh prapta | ing alun-alun abaris ||

28. kang dadya pangawat kanan | Ki Ngabèi Jangrana ingkang rayi | ingkang anèng kerinipun | sira Jaka Tangkêban | ki dipati kang munggèng ing dhadhanipun | gêgaman awarna-warna | tinon lir parbata sari ||

29. gamêlanira angangkang | ki dipati ngêdhangkrang dèn payungi | bala Kumpêni glis rawuh | sampun ayun-ayunan | pan anggamêng wadya Kumpêni lir mêndhung | parêng têmpuh ing ayuda | arame bêdhil-binêdhil ||

30. kang pangawat parêng mangsah | wong Kumpêni angêdrèl wanti-wanti | pinyarsa lir gêlap sèwu | barung lawan gamêlan | awor suraking wadya atri gumuruh | pêtêng dhêdhêt ing payudan | dening kukus anglimputi ||

31. sumahab wong Surabaya | kadya mina mêmôngsa jroning warih | wadyèng Madura anêmpuh | myang pasisir sadaya | ramening prang acarub rowang lan mungsuh | Dipati Jayapuspita |

--- 19 : 6 ---

angabani wong sinêlir ||

32. ambyuk mangamuk manêngah | tingkês jagang sampun dèn obrak-abrik | miwah kang prajurit kaum | pangamuke lir yaksa | ingurugan sanjata myang pasêr busur | nusup kukusing sundawa | wadya Kumpêni kyèh mati ||

33. kumêndur Gobyo umiyat | lamun bala Kumpêni angêmasi | ambanting topiyonipun | sigra nrêgakên bala | miwah Amral Baritman sarêng umagut | Kapitan Krasbun myang Lutnan | Pandêrlele angawaki ||

34. myang upisir sarêng mangsah | Minangkabo Ambon Makasar Bugis | sarêng dènira angamuk | tuwin bala Madura | pra dipatya pasisir nrêgakên wadu | sakarine ingkang pêjah | wadya Kumpêni mangukih ||

35. tan kewran wong Surabaya | pangamuke lir banthèng tawan kanin | para mantri sarêng anduk | manuduk myang manigas | samya kurahkuthah (dan di têmpat lain). rudira sariranipun | ing payudan tanpa rungyan | awor sambating akanin ||

36. tibane mimis lir udan | tikêl ingkang wastra pating carêngkling | sêbrak suwèking lêlayu | rêkatak ing daludag | rame kêbyok-kinêbyok ing umbul-umbul | saking ramene kang yuda | sawênèh kêris-kinêris ||

37. myang ingkang dugang-dinugang | kuwêl ing prang ana bithi-binithi | akèh kang gêbug-ginêbug | bêdhil wus tanpa karya | tanpa wilis kunarpa sungsun atimbun | lêbu malêtuk kasiram | ing ludira kadi tasik ||

38. kang akasa kadi bêlah | kêlab-kêlab pratiwi gonjang-ganjing |

--- 19 : 7 ---

surêm kang surya sumêmbur | ginggang Sang Ôntaboga | lindhu mawor prakêmpa kang prabata rug | ing payudan lir kiyamat | kocak ingkang jalanidhi ||

39. saari dènira yuda | akèh wadya mati singunên sami | matya bu-ambunên marus | ing rudirèng kunarpa | pirang-pirang pandêlêng palagan pênuh | watang putung kadya sarah | kang tunggul lir lumut kèli ||

40. kumpêni kalih brêgada | ingkang tumpês kajawi Ambon Bugis | Makasar Bali myang Butun | tumpês tanpa wilangan | Lutnan Pandêrlele punika kasambut | tumpês sakumpêninira | Kapitan Krêsbun ngêmasi ||

41. Lutnan Babandhêm palastra | miwah wadya Surabayakèh mati | sapih kang yuda kasaput | ing ratri kawarnaa | Ki Dipati Jayapuspita arêmbug | lan sagung prajuritira | lèngsèr mring sawetan kali ||

42. baris ing kori sayatra | kithanira pan sampun dèn êbroki | dening sira Ki Tumênggung | Cakrajaya myang Amral | duk samana bala kumpêni kang bantu | rawuh saking Batawiyah | kalih brêgada kang prapti ||

43. pangiride Mayor Gustap | lan Kapitan Pardhèmês Lutnan Jakim | katri prajurit linuhung | wus cundhuk lawan Amral | myang Kumêndur Gobyo langkung sukanipun | dene bantunira prapta | wus panggih lawan apatih ||

44. ing ratri kang kawuwusa | pagunêman lan sagung pra dipati | lawan sira ki tumênggung | miwah Amral Baritman | myang Kumêndur Gobyo asru dènnya muwus |

--- 19 : 8 ---

hèh ki patih paran karsa | punapa kèndêl ing jurit ||

45. ki tumênggung alon mojar | karsaningong ing yuda sun kèndêli | angasokakên ing batur | sigra Pangran Madura | asru matur marang sira ki tumênggung | yèn suwawi lawan karsa | luhung ginitika malih ||

46. mumpung dèrèng kambu lawan | kadangipun pun Surèngrana Panji | myang Panji Kartayudèku | ing mangkya lagya pisah | baris wontên ing Kapraban kalihipun | amanggihi srayanira | pun Balèlèng Murah Panji ||

47. yèn punika anunggila | yêkti awrat pinagut ing ajurit | inggih ta sadayanipun | satunggil arêmpua | dyan Kumêndur Gobyo nampèl wêntisipun | giyak sarwi latah-latah | itu bêtul lêbih baik ||

48. Kumêndur Gobyo punika | cinarita ambêk kêras bang-bang pring | marmanira pêksa magut | saking tan bisa mulat | ing risake bala Kumpêni ing pupuh | sêdya angamuk kewala | apêpulih ing ajurit ||

49. rêmbag sagunging dipatya | ki tumênggung myang Amral anuruti | datan kawarna ing dalu | enjinge atêngara | gubar bèri swaraning tambur gumrudug | kumrab ingkang balakuswa | samya samêktèng ajurit ||

50. budhal sagunging gêgaman | wus tinata pangawat kanan keri | ingkang munggèng kananipun | pangeran ing Madura | atimbangan wadya pasisir sadarum | gêgaman tanpa wilangan | kadya robing jalanidhi ||

51. wau ta kang kawarnaa | Ki Dipati [Di...]

--- 19 : 9 ---

[...pati] JalapuspitaJayapuspita. myarsi | kalamun arsa pinagut | sigra nêmbang têngara | wus siyaga wadyabala Surèngkewuh | gêgaman lir ardi puspa | myang pangawat kanan keri ||

52. sira Ngabèi Jangrana | munggèng kanan Jaka Tangkêban keri | myang para mantri sadarum | gêgaman sigra budhal | pan amêthuk kilèn lèpèn karsanipun | Dipati Jayapuspita | ginarêbêg ing prajurit ||

53. wong dulangmangap sanambang | tan kêna sah lawan sang adipati | wadya talangpati sèwu | pinangku munggèng ngarsa | para mantri anèng pangawat tinuduh | gêgaman pan sampun prapta | tata sakilèning kali ||

54. wadya Kumpêni wus prapta | ki tumênggung miwah wadya pasisir | pan sarêng dulu-dinulu | lajêng campuh ing yuda | ramening prang kang bêdhil lir prabata rug | pêtêng kukusing sundawa | pangêdrèle wanti-wanti ||

55. sumahab wong Surabaya | datan ulap nusup kukusing bêdhil | wong talangpati anggrêgut | manêngah mamuk rampak | kang ing dhadha wadya Kumpêni tinêmpuh | akuwêl ulêng-ulêngan | wong Surabaya angukih ||

56. kumpêni pangêdrèlira | datan agop dhêdhêt madyaning jurit | bala Madura anêmpuh | surak kadya ampuhan | tuwin bala pasisir sarêng anêmpuh | Dipati Jayapuspita | asuwarèng maring dasih ||

57. hèh payo wong Surabaya | dulangmangap miwah wong talangpati | lah êrêmêna netramu | aywana nêdya gêsang | apan iki patukuning swarga luhung | prajurit [praju...]

--- 19 : 10 ---

[...rit] ing Surabaya | pangamuke ngobrak-abrik ||

58. kang katrajang sirna gêmpang | wadyabala Kumpêni kwèh ngêmasi | ing wuri mangsah akiwul | Mayor Gustap kalawan | Kapitan Pardhèmês sarêng dènnya magut | Kumêndur Gobyo manêngah | mamuk tandange lir yaksi ||

59. siramral ngimpun ing wuntat | myang Kapitan Tonar myang Lutnan Jakim | wadya Kumpêni anggrêgut | sura mangangah-angah | wadya Surabaya pangamuke liwung | kang bêdhil wus tanpa karya | aramya rok silih ungkih ||

60. Ki Tumênggung Cakrajaya | anrêgakên ing wadya munggwing wuri | suraking wadya gumuruh | umung kang kalasôngka | ingurugan ing mimis pan kadi jawuh | wong Surabayakèh pêjah | dulangmangap talangpati ||

61. dadya bênggang sanalika | sinusunan ing gurnat gutuk api | kang katêmpuh mêksa gêmpur | kunarpa lir babadan | anggêlasah wadyabala Surèngkewuh | Dipati Jayapuspita | anglela madyaning jurit ||

62. myang saupacaranira | bawat lante kandhaga munggèng ngarsi | upêt miwah kang kêkacu | tan owah lugguhira | ki dipati pan eca dènira udut | ing lantaran dinamonan | upête ing rare alit ||

63. Kumêndur Gobyo umiyat | ing solahe wau ki adipati | bramatyanirabramantyanira. kalangkung | sarya nrêgakên wadya | binarondong ki dipati asru muwus | iya payo êntèkêna | hèh kapir mimisirèki ||

64. kacatur

--- 19 : 11 ---

ki adipatya | arasukanira pranakan putih | sarwi udhêng gilig wungu | arja anyamping limar | tinon kadya andaga tinon abagus | Kumpêni pangêdrèlira | tan pêgat mawanti-wanti ||

65. tan miris Jayapuspita | eca gigit sadak lawan nudingi | dèn aparêk kumêndurmu | sira Jaka Tangkêban | saking keri awas dènira andulu | yèn kang paman pinarbutan | sigra angingêr turanggi ||

66. pangawatira dèn tilar | sira Jaka Tangkêban anyamêthi | ing turôngga sigra mamprung | kuda nandêr manêngah | pun Mangunsih raning kuda Janjanbiru | kasangsang ing ganjur atap | binendrongan dening bêdhil ||

67. turôngga tanpantuk nêngah | katadhahan ing mungsuh kanan keri | Jaka Tangkêban angamuk | watangira ingikal | kinêmbulan ing prajurit ngarsèng pungkur | kanan tinumbakan kêna | ing keri kwèh angêmasi ||

68. ing ngarsa mawur tinrajang | wuri anub miwah ing kanan keri | tan kewran pangamukipun | sira Jaka Tangkêban | kudanira katiban mimis wus lampus | anibani Jaka mlumpat | lawung kontit ing turanggi ||

69. putung gya narik curiga | sira Jaka angamuk karo kêris | lwir andaka tandangipun | sêdhêng ing tawan brana | para mantri ing Surabaya andulu | manêngah samya kotbuta | kang katrajang ngisis giris ||

70. Jaka Tangkêban wus prapta | ing ngarsane wau sang adipati | nangis anungkêmi suku | ngandika sang dipatya | hèh asoa aywa sira pêksa

--- 19 : 12 ---

ngamuk | dyan mêngsah kang anglud prapta | saking keri angêbyuki ||

71. sira Ngabèi Jangrana | munggèng kanan rame dènira jurit | nanging akaroban mungsuh | binendrong keri kanan | ingurugan sanjata myang pasêr busur | sira Ngabèi Jangrana | jajanira akrêp kanin ||

72. ing jawi pan datan pasah | ing jro rêmuk ki ngabèi ngêmasi | wadyèng Surabaya dulu | sakarine kang pêjah | samya ngamuk lir danawa tandangipun | sêdhênge arêbut môngsa | wadyèng Madura nadhahi ||

73. akuwêl dènira yuda | ki dipati sampun ngaturan uning | lamun kang rayi kasambut | Ki Ngabèi Jangrana | nyandhak watang Jayapuspita pinagut | myang kang wadya dulangmangap | Jaka Tangkêban tan kari ||

74. para mantri Surabaya | miyat lamun ki dipati ngawaki | sarêng karuna umatur | dhuh gusti sang dipatya | sampun age andika ngawaki pupuh | yèn kawula dèrèng pêjah | ecaa jênêngi wuri ||

75. pan wadya maksih akathah | dulangmangap myang wadya talangpati | tuwin kang prajurit kaum | inggih maksih sudira | dene rayi paduka ingkang kasambut | pun Angabèi Jangrana | kawula ingkang pêpulih ||

76. Jayapuspita ngandika | payo sarêng ingsun arsa ngawaki | tan ana wêkasanipun | nadyan silih pêjaha | sarêng lawan para mantri-mantriningsun | sadina iki wakingwang | kêdah têmên angêmasi ||

77. nadyan dèn pêpalangana | nora kêna ingsun sadina iki | wus sêdhênge payo ngamuk | para [pa...]

--- 19 : 13 ---

[...ra] mantri karuna | sarêng mangsah Jaka Tangkêban nèng ngayun | anggrêgut wong dulangmangap | kotbuta wong talangpati ||

78. mangsah dharat ki dipatya | galaganjur munggangira tan kari | kang pangawat samya ngumpul | nunggil ki adipatya | surak umung para mantri sarêng anduk | talangpati dulangmangap | wadya Kumpêni nadhahi ||

79. Kumêndur Amral umiyat | lamun Jayapuspita angawaki | sigra anrêgakên wadu | para upsir umangsah | sira Gobyo anyakot topiyonipun | mobat-mabit tandangira | ngabani bala Kumpêni ||

80. miwah kang bala karuna | myang pasisir prasamya tata malih | rame sarêng dènnya nêmpuh | lir paguting hèrnawa | wadyèng Surabaya pangamuke liwung | gêmpang ingkang tinarajang | bala Kumpêni kèh mati ||

81. Jaka Tangkêban manêngah | ngiwat-ngiwut myang sagung para mantri | wadyèng Madura tinêmpuh | gêmpang kang katarajang | ramening prang para mantri Surèngkewuh | sadaya kurah rudira | pangamukira angukih ||

82. Dipati Jayapuspita | solahira lir wong binayangkari | ingiring de galaganjur | myang munggangira ngangkang | upacaranira sawiji tan kantun | Kumpêni ebat tumingal | sakarine kang ngêmasi ||

83. tan kandhêg pangêdrèlira | sira Jayapuspita anadhahi | asru dènira amuwus | hèh payo lanat kopar | madhatia angusung obat mimismu | rêbutên Jayapuspita | lajêre wong Surawèsthi ||

84. para mantri Surabaya | pangamuke [pangamu...]

--- 19 : 14 ---

[...ke] samya atawan tangis | wau kang warti misuwur | pêjahira Jangrana | para rabinira sadaya anusul | myang garwane ki dipatya | samya nusul tawan tangis ||

85. sapraptanirèng payudan | para garwa anjrit samya nungkêmi | asambat ngaturi mundur | marang sang adipatya | adandana ing benjing paduka magut | yèn kumpul kadang-kadang ta | pun Panji Surèngranèki ||

86. myang pun Panji Kartayuda | dadya kewran tyasira sang dipati | ginubêl ing para arum | dadya mundur lon-lonan | dyan prajurit Kumpêni samya angilud | ambêdhili saking wuntat | dadi bala Surawèsthi ||

87. atarung sarwi lumampah | golong datan owah tataning baris | samana kasapèng dalu | mundur bala Madura | wong pasisir myang Kumpêni samya mundur | kang tumpês madyèng palagan | brêgadan dhomas pan ênting ||

88. Ki Tumênggung Cakrajaya | lawan Amral makuwon kitha malih | sira Jayapuspitèku | wangsul ing prênahira | baris lawang sakèthèng warnanên dalu | Panji Surèngrana lawan | Apanji Kartayudèki ||

89. miyarsa ing yudanira | ingkang raka rêmpu ari ngêmasi | apanji kalih wus rawuh | sowan marang kang raka | ki dipati ginubêl ngaturan mêtu | saking salêbêting praja | sampun kasompok ing jurit ||

90. sang adipati ngandika | karsaningsun tumpês sajroning nagri | mungsuh iki yèn sun dulu | kêthèn yutan abaran | buh tikêle lan wadyèngong Surèngkewuh |

--- 19 : 15 ---

ewa mangkana pun kakang | sarambut dèrèng gumingsir ||

91. kang rayi kalih amêksa | ingaturan nunggil lan Murah Panji | Balèlèng ingajak ngamuk | sang dipati ngandika | tari marang sagunging prajuritipun | myang para kaum sadaya | ngapinjal aturirèki ||

92. kang satêngah ana ngucap | datan antuk punika aprang sabil | dening akanthi wong kupur | bala Nusakambangan | Kêtib Bawang asru dènira amuwus | sanadyan padha kapira | kapir têtulung wong Bali ||

93. Walônda kapir sikara | dadya kathah kang samya rêmbag mijil | lèngsèr saking jro kithèku | myang ari kalih mêksa | angaturi dadya giwang ing tyasipun | sang adipati gya budhal | saking praja sawadyèki ||

94. angumpul ing arinira | sampun prapta Kapraban sang dipati | amung kèndêl kalih dalu | lajêng dhatêng Kaputran | akêkuwu saha balakuswa umung | myang wadya Nusakambangan | pun Balèlèng Murah Panji ||

95. milya baris ing Kaputran | nanging têbih kuwunya lan dipati | miranti sawadyanipun | wau kang kawuwusa | Amral Britman lawan sira Ki Tumênggung | Cakrajaya wus miyarsa | lamun Jayapuspitèki ||

96. lèngsèr sing pintu sayatra | nèng Kaputran wau dènira baris | Kumêndur Gobyo pêksanglud | nanging Amral tan rêmbag | miwah sira ki tumênggung datan rêmbug | Kumêndur Gobyo amêksa | dadya sagung pra dipati ||

97. samya urunan kewala | rong

--- 19 : 16 ---

bragada Kumpêni kang dèn irid | sigra budhal tan asantun | datan kawarnèng marga | Amral Britman lawan sira ki tumênggung | samya angantun ing kitha | amung urun para mantri ||

98. kumêndur Gobyo lampahnya | sampun prapta Kaputran sawadyèki | wong Surabaya amêthuk | rame campuh ing yuda | wadyèng Surabaya prange ngundur-undur | amapan ing Wanakrama | Kumêndur agêng tyasnèki ||

99. ing Kaputran wus kancikan | panyanane wong Surabaya kanji | Kumêndur sigra dènnyanglud | dhatêng ing Wanakrama | wadyèng Surabaya arêrangkah sampun | wadya Kumpêni glis prapta | wong Surabaya mêdali ||

100. sira Panji Kartayuda | Panji Surèngrana samya nindhihi | kang raka jênêngi pungkur | sigra campuh kang yuda | Panji Surèngrana pangamuke liwung | miwah Panji Kartayuda | lwir andaka tawan kanin ||

101. bala ing Nusakambangan | Murah Panji Balèlèng anguruni | amung bala kalih atus | milwa mamuk manêngah | wong Kumpêni tan kandhêg pangêdrèlipun | pêtêng kukusing sundawa | wong Surabaya nusupi ||

102. akuwêl dènira yuda | wadyabala Kumpêni kèh ngêmasi | sabragada ingkang lampus | wong Jawa wus lumajar | wong Kumpêni lêlumbungan unduripun | sira Panji Surèngrana | Panji Kartayuda ngungsir ||

103. kumêndur Gobyo tandangnya | mobat-mabit ngatag bala Kumpêni | prasamya ingajak ngamuk | nanging

--- 19 : 17 ---

tan polih papan | tansah gêrêng-gêrêng sira sang Kumêndur | watêk wong sampun lumajar | akiwul-kiwul tanpolih ||

104. para mantri kang malaywa | praptèng kuwunira rêkyana patih | pan kampita tyasirèku | sigra dènira undhang | asayaga bêndhe tinitih angungkung | budhal têtulung ing yuda | pangran Madura nindhihi ||

105. lampahira sigra-sigra | wus kapêthuk marang bala Kumpêni | apan maksih dèn bêbujung | dene wong Surabaya | wadya Sampang sadaya sarêng anêmpuh | rame dènira ayuda | uwal kang bala Kumpêni ||

106. wadya Madura prangira | mundur sarwi ngrêksa bala Kumpêni | wong SurayayaSurabaya. mêksanglud | nanging para dipatya | myang Kumpêni wuri sangsayakèh rawuh | wadyalit ing Surabaya | mundur mring Wanakramèki ||

107. pan kacatur tigang wulan | anèng Wanakrama Japuspitèki | kèndêl tan pagut-pinagut | eca gènnya kasukan | pan apajêg barise wong Surèngkewuh | wadyalit ing Surabaya | tan ana têluk sawiji ||

108. duk kinêpung anèng kitha | pitung wulan lamine sang dipati | wong pasisir sami tugur | miwah wong Kartasura | tuwin bala Kumpêni prasamya tugur | pan maksih ayun-ayunan | kawarnaa sri bupati ||

109. apan sampun amiyarsa | lamun wadya punggawa kang ajurit | sakalangkung risakipun | kasoran ing ayuda | kang wadyalit akathah longe kang lampus | tuwin punggawa kang pêjah |

--- 19 : 18 ---

samana ingkang tinuding ||

110. abantu mring Surabaya | sakathahe pamajêgan kinêrig | wong Banyumas lan Matarum | Pamardèn lan ing Roma | Dêmang Jayawinata têtindhihipun | lan Dêmang Sasrarudita | wus budhal sagunging baris ||

111. tan winarna lampahira | duk ing marga wus praptèng Surawèsthi | wus panggih lan Ki Tumênggung | Cakrajaya myang Amral | wus pinarnah kuwu sabitinganipun | gantya ingkang kawuwusa | prajurit saking ing Bali ||

112. kang sraya Pangeran Sampang | ingkang pêjah ing kapal mangkya prapti | apêparab Dewa Kêtut | sèwu prajuritira | praptèng kitha ing Tunjung ingkang jinujug | miyarsa yèn pangran pêjah | anèng kapal kang nyuruhi ||

113. langkung pangunguning driya | Dewa Kêtut akèn ambêbahaki | wadya Madura ginêmpur | gègère apuyêngan | akèh nusul mring nagari Surèngkewuh | atur uningèng pangeran | yèn wontên mungsuh dhatêngi ||

114. wadya ing Nusakambangan | Dewa Kat sèwu sikêp ing jurit |Kurang satu suku kata: Dewa Kêtut sèwu sikêp ing jurit. Pangeran Madura gupuh | atur wruh ing apatya | miwah Amral angandika Ki Tumênggung | Cakrajaya mring pangeran | dika ulihi pribadi ||

115. pangeran alon turira | pan punika ènthèng kapanggyèng wuri | kang kawrat samya rinêbut | mêngsah ing Surabaya | dene ing Madura kapanggih ing pungkur | ari kawula kewala | pun Cakranagara nênggih ||

116. kawula utus mantuka | anggitika mêngsah kang saking Bali | angandika ki tumênggung |

--- 19 : 19 ---

inggih karsa andika | sigra budhal Radèn Cakranagarèku | ngirid prajurit sanambang | sampun numpak ing jaladri ||

117. ya ta wau kawarnaa | Amral Britman asêksi mring apatih | ing solahira Kumêndur | dènira bôndayuda | pangadune ing wadya Kumpêni iku | ambuta tuli kewala | karya risaking wadyalit ||

118. Amral karsanya utusan | atur surat maring nagri Batawi | yèn têtêpa Ki Kumêndur | Gobyo dadya kanthinya | Amral Britman karsanira ayun mutung | mantuk mring nagri Walônda | tan arsa nglampahi jurit ||

119. Ki Tumênggung Cakrajaya | jinalukan mring Amral tôndha tulis | dyan umêsat dutanipun | ing laut tan winarna | cêndhaking kang carita pan sampun rawuh | ing Batawi kang caraka | cundhuk lan para radpêni ||

120. sagunging rad pan indiya | abicara nupiksa punang tulis | sigra katur suratipun | marang gurnadur jendral | tinarima siramral saaturipun | kumêndur gya tinimbalan | Parlos marang ing Batawi ||

121. wau kang gantya kawarna | Radèn Jimat ing Madura wus prapti | wus acundhuk lawan mungsuh | rame campuhing yuda | Radèn Jimat kalangkung sudiranipun | wong Bali kathah kang pêjah | saksana ingipuk aglis ||

122. kalangkung ingêla-êla | Radèn Cakranagara mring wong Bali | dadya supe kadang sêpuh | ingadêgkên dipatya | Radèn Cakranagara wus ajêjuluk | Cakraningrat ing Madura | pan sampun [sa...]

--- 19 : 20 ---

[...mpun] agêng kang baris ||

123. kang dadya manggalaning prang | Radèn Sewanagara kang wêwangi | wong Madura sami suyud | wus katur ing Pangeran | Cakraningrat ingkang anèng Surèngkewuh | langkung wagugên ing driya | sigra dènnya kang upêksi ||

124. mring Tumênggung Cakrajaya | tuwin marang Amral sinung upêksi | ywan arinira puniku | Radèn Cakranagara | mangke bôngga kait lawan Dewa Kêtut | wus jumênêng Cakraningrat | ing Madura dèn linggihi ||

125. Ki Tumênggung Cakrajaya | dadya pikir lan sagung pra dipati | tuwin Amral karsanipun | aywa keron ing yuda | salah siji rumata nulya ginêpuk | Ki Tumênggung Cakrajaya | ngundhangi sagung dipati ||

126. tanapi Amral Baritman | angundhangi sagung wadya Kumpêni | Mayor Gustap kang tinuduh | gitik ing Wanakrama | ngirid bala Kumpêni rong brêgada wus | budhal saking pasanggrahan | lan sagung para dipati ||

127. pasisir milya sadaya | amung kantun Amral lan kyana patih | kang wadya Kumpêni kêbut | miwah sagung punggawa | kang gêgaman tinon lir ardi katunu | kadya bêlah kang pratala | kambah ing wadya lumaris ||

128. tan kawarna solahira | praptèng Wanakrama sagunging baris | wong Surabaya andulu | yèn mêngsahira prapta | sigra nêmbang têngara gong bèri umung | Dipati Jayapuspita | amiyosi ing ajurit ||

129. kumrab wadyèng Surabaya | Panji Surèngrana nindhihi ngarsi | myang Panji Kartayudèku |

--- 19 : 21 ---

sigra campuh kang yuda | Mayor Gustap ngabani Kumpêninipun | wadya Kumpêni kotbuta | pangêdrèle wanti-wanti ||

130. sampun karsaning Hyang Suksma | wadyèng Surabaya apês ing jurit | dènyamor prajurit wangsul | dadya apês ing yuda | sira Panji Surèngrana sigra ngamuk | myang Apanji Kartayuda | mamuk lan sawadyanèki ||

131. myang para mantri sadaya | sarêng nêmpuh Kumpêni anadhahi | sanjata lwir gêlap sèwu | barung kalawan surak | wadyèng Surabaya akathah kang lampus | Dipati Jayapuspita | jênêngi nèng luhur biting ||

132. mundur anrêgakên wadya | para mantri nêngah sawadyanèki | lwir danawa tandangipun | rusak kang katarajang | wong pasisir para mantri sarêng ngamuk | sira Apanji Tohjaya | ngamuk lir andaka kanin ||

133. lawan Radèn Sirnayuda | pangamuke kang katrajang kèh mati | Rôngga Wanèngpati lampus | andêling Surabaya | Dêmang Ngêbês Rôngga Surèngpati lampus | Ki Sindubaya palastra | Dêmang Sêcapura kanin ||

134. sira Panji Surèngrana | wadyèng Nusakambangan dèn tindhihi | pangamukira aliwung | rusak kang katarajang | samya kurah rudira prajurit wangsul | ramening prang long-linongan | pêksi sarkara nambêri ||

137. Dhandhanggula

1. Sang Dipati Jayapuspita glis | nyandhak watang pan arsa ngamuka | pinarbutan ing mantrine | samya ngaturi mundur | dhuh gustiku sang adipati | ing benjing ngawakana | yèn wadya wus lêbur | yèn suwawi ingunduran |

--- 19 : 22 ---

angupados papan kang pakèwêd malih | dhatêng nagari Japan ||

2. maksih sompok ing Wanakramèki | cêlak praja suwawi ing Japan | punika sae papane | kang lèpèn agêng ngêpung | dadya angsal aso kang dasih | Apanji Surèngrana | rêmbug aturipun | dadya kondur sang dipatya | pan lon-lonan Kumpêni anglud bêdhili | nanging wong Surabaya ||

3. anadhahi pan sarwi lumaris | lamun bala Kumpêni amêlak | wadyèng Surabaya nolèh | ngantêp ing yuda mamuk | dadya bênggang wadya Kumpêni | bêdhil saking kadohan | praptèng bitingipun | Dipati Jayapuspita | saha wadya sampun lumêbêt ing biting | Kumpêni pangludira ||

4. samya kèndêl sajawining biting | wong Surabaya wus ingundhangan | adandana sarayate | ya ta kasapwèng dalu | abusêkan sajroning biting | ing ari kawarnaa | wadya Surèngkewuh | budhal saking Wanakrama | saha swami suta lir praja angalih | rêrepot munggèng ngarsa ||

5. gêndhing sayang pandhe datan kari | sira Dipati Jayapuspita | munggèng ing wuri lampahe | prajurit pitung èwu | cinarita maksih angiring | wadya Kumpêni ngulat | yèn mungsuh wus kêbut | bitinge wus linêbonan | nanging bala Kumpêni tan ana ngusir | ngêbroki pabitingan ||

6. lampahipun wau Sang Dipati | Jayapuspita wus praptèng Japan | akêkuwu sawadyane | wadya Kumpêni mundur |

--- 19 : 23 ---

marang kitha ing Surawèsthi | andadosakên rêmbag | Madura ginêpuk | Ki Tumênggung Cakrajaya | wus amatah punggawa ingkang nindhihi | anggitik ing Madura ||

7. Mayor Gustap kang tinuding malih | dening Amral lan Kapitan Tonar | lawan Kapitan Bongsinge | Pangeran Madurèku | dènnya budhal wus andhingini | anumpêk ing samodra | Kumpêni nèng pungkur | sabragada kang binêkta | Ki Tumênggung Cakrajaya wus anuding | atur wikan narendra ||

8. ya ta wau kawarnaa malih | Kyai Tumênggung Kartanagara | aso Samarang lamine | sampun ngandikan mantuk | marang Kartasura wus prapti | katur ing sri narendra | lamun bala rêmpu | langkung saking risakira | langkung dene angungun sri narapati | gantya kang kawursita ||

9. dutanira ki tumênggung prapti | Kartasura katur ing sang nata | sêrat wus tinupiksage | duta tinulak sampun | aturira wus dèn angsuli | gya mêsat saking praja | nahan kang winuwus | ingkang ngrabasèng Madura | Mayor Gustap lan sagung wadyèng pasisir | wus campuh punang yuda ||

10. anèng Malaya rame kang jurit | Dewa Kêtut lan sawadyanira | langkung sura ing yudane | Kumpêni kathah lampus | nanging wuri akathah prapti | binendrong ing sanjata | dadya mêngsah kondur | Rahadèn Cakranagara | marang kitha Tunjungan sêdyanirèki | amêmpên jroning kitha ||

11. Pangran Cakraningrat sigra prapti | lan Kumpêni wus angêpung kitha | ing alun-alun barise |

--- 19 : 24 ---

wau Sang Dewa Kêtut | wong Kumpêni ramya bêdhili | tuwin bala Madura | sarêng dènnya nêmpuh | wadyanira Cakraningrat | Dewa Kêtut sabalanira nadhahi | langkung sudirèng laga ||

12. wong Madura akèh kang ngêmasi | sakarine kang pêjah lumaywa | samya ngungsi ing wurine | wadya Kumpêni magut | ingkang wuri sayakèh prapti | pangêdrèlnya lir gêlap | sakêthi abarung | rusak wong Nusakambangan | Dewa Kêtut pangamukira angukih | galak lir singalodra ||

13. bala Kumpêni kathah ngêmasi | Mayor Gustap angabani bala | ing wuri umangsah kabèh | myang wong pasisir grêgut | saking kanan kering nungkêbi | apan karoban lawan | sira Dewa Kêtut | myang Radèn Cakranagara | pan anggêgêr wadyanira akèh mati | kang kari wus lumaywa ||

14. Dewa Kêtut pan sampun anglirig | ngalèr ngetan pan sawadyanira | golong lon-lonan lampahe | bala Kumpêni anglud | nanging datan purun marpêki | wau Rahadèn Jimat | sasêntananipun | Rahadèn Sewanagara | pan binêkta marang nagara ing Bali | Ki Kêtut sêdyanira ||

15. benjing arsa awangsula malih | Dewa Kêtut yèn sampun sayaga | angrabasèng Madurane | wau pangêludipun | sagung ingkang bala Kumpêni | wangsul marang ing kitha | wau Dewa Kêtut | sampun anumpak baita | saha bala mantuk mring nagarèng Bali | wau kang kawarnaa ||

16. bala Kumpêni ambêboyongi |

--- 19 : 25 ---

binêkta mundur mring Surabaya | Pangeran Madura mangke | ingkang maksih angantun | anênata ruwêding bumi | mangkana lampahira | mayor sampun rawuh | ing nagari Surapringga | wus acundhuk mayor lan rêkyana patih | miwah Amral Baritman ||

17. bêboyongan saking Madurèki | sampun katur marang kyana patya | nêhêr dipun lajêngake | marang Kartasurèku | kang pawèstri myang rare alit | tinon kawêlasarsa | gantya kang winuwus | dutanira ki apatya | ingkang saking nagri Kartasura prapti | cundhuk lawan apatya ||

18. glis tinampèn surating narpati | miwah bêbêktan catur nawala | sampun pinatêdhakake | ingkang kêkalih nêngguh | Radèn Suryawinata tampi | lawan Sasrawinata | pinaringan wau | nagari ing Surabaya | kang satunggil maring Rôngga Pramanèki | ginanjar ing Lamongan ||

19. dene ingkang satunggile malih | marang panakawan alit mila | duk kala Kapugêrane | Ki Sôngka aranipun | duk Wirasantika nguni |Kurang satu suku kata: duk Wirasantika ing nguni. ginanjar nagri Jipang | ngaranan Tumênggung | Surawijaya Ki Sôngka | binêktakakên kinèn adamêl patih | timbalane sang nata ||

20. mangke Surawijaya ngêmasi | tilar sunu apan maksih bocah | dèrèng kuwawi ing gawe | dadya Ki Sôngka wau | kang ginanjar Jipang nagari | saha sinungan aran | Tumênggung Mataun | Ki Tumênggung Cakrajaya | undhang sagung punggawa kinon ngèstrèni | miwah Amral Baritman ||

--- 19 : 26 ---

113. Pangeran Dipanagara kajunjung dados raja dening Arya Jayapuspita, ajêjuluk Panêmbahan Hèrucakra, angadhaton wontên ing Madiun

21. ya ta ingkang kawuwusa malih | sira Dipati Jayapuspita | kang anèng Japan barise | lawan sakadangipun | Murah Panji sampun anunggil | Balèlèng saha wadya | nging pakuwonipun | têbih lan sang adipatya | duk samana pan lagya agunêm kawis | masalahing ayuda ||

22. cinarita sira Murah Panji | anênuwun mring Jayapuspita | aprakara ing arine | Panji Kartayudèku | dèn lihakên arane panji | kalamun tan dèn liha | kawulamit mantuk | wadya wau tinurutan | ingkang rayi sampun angalih wêwangi | ran Dêmang Kartayuda ||

23. anging arine Surèngranèki | sang dipati tan purun ngalihna | dene patêdhan sang raje | Panji Surèngranèku | duk sang nata anèng Samawis | mangkana Kartayuda | ing raka tinuduh | anggêcak môncanagara | Pranaraga Madiun lan Saosragi | Kaduwang Kamagêtan ||

24. nagri Daha wus anungkul lami | ing Sarêngat lan ing Kartasana | ing Pace Ngrawa Kalangbrèt | Dêmang Kartayuda wus | budhal saking Japan nagari | dhomas prajuritira | tan kawarnèng ênu | wus angancik ing Caruban | dipatine Madiun ing Pranaragi | Kaduwang lagya prapta ||

25. saking nagari ing Surawèsthi | wus siyaga sêdya magut [ma...]

--- 19 : 27 ---

[...gut] ing prang | mring Dêmang Kartayudane | ing Pranaraga ngumpul | Kamagêtan Kaduwang sami | tuwin ing Jagaraga | pêpak nèng Madiun | sampun agêng barisira | sira Dêmang Kartayuda budhal saking | Caruban saha bala ||

26. tan winarna ing marga wus prapti | ing Madiun baris wetan kitha | wong môncanagara kabèh | sigra dènira magut | sampun campuh rame kang jurit | prajurit Surabaya | sarêng dènnya ngamuk | sira Dêmang Kartayuda | anindhihi ing bala mangamuk ngukih | sumyur môncanagara ||

27. datan wontên tahan ananggêni | pangamuke wadya Surabaya | wus ngancikan nagarane | tan alami anungkul | sakathahe para dipati | mring Dêmang Kartayuda | prasamya sumuyud | wadya ing môncanagara | wus kinêrig sadaya anunggil baris | lan Dêmang Kartayuda ||

28. sira Dêmang Kartayuda aglis | budhal saking Madiun nagara | mring Jagaraga karsane | dene ingkang tinuduh | mring Kaduwang mantri kêkalih | Ngabèi Tambakbaya | lawan Wirantanu | angirid prajurit Samas | mantri kalih ing Kaduwang sampun prapti | umadêg barisira ||

29. ing Wiratha sampun dèn irupi | kawarnaa Dêmang Kartayuda | wus praptèng Jagaragane | lajêng ing lampahipun | praptèng Kiping tata kang baris | pangarsane wus prapta | baris Kalimungku | nahan gantya kawuwusa | sri narendra lagya wagugên ing galih | dènnya miyarsa warta ||

30. pambalike wong môncanagari |

--- 19 : 28 ---

gègèr têpis iring Kartasura | wong Surabaya praptane | abaris Kalimungkung | samya nungkul wong Sokawati | solahe anggêgila | wadya Surèngkewuh | miwah kang anèng Kaduwang | urut Laroh gègèr samya dèn bahaki | myang urut Sokawatya ||

31. dadya kapit onênge tyas aji | dene putra Pangeran Purbaya | dadya bicara ing mangke | mring Kumpêni gung-agung | panuwune ing sri bupati | kang putra dèn longana | gêgadhuhanipun | mariyême dèn pundhuta | lawang bêbutulan kang maring jro puri | punika binuntua ||

32. wêwêngkone kalanggowang pinggir | tuwaburu nulup lawan dharat | Banyumas Mataram kabèh | Pamardèn Dayaluhur | pan sadaya wus dèn pundhuti | mila grah ing wardaya | dening putranipun | kang dadya woding kang driya | duk samana Pangeran Balitar nênggih | tinuduh dening rama ||

33. timbalanira sri narapati | ingkang putra kinèn atugura | nagari ing Kaduwange | ananggulanga mungsuh | wong kaparak ingkang dèn irid | Pangran Dipanagara | pan sarêng tinuduh | atugura Jagaraga | angundurna mungsuh kang anèng ing Kiping | sarêng dènira budhal ||

34. pan anuju ing taun Jimakir | sinêngkalan kuda adirasa | putra kalih pangluruge |Sengkalan: kuda adirasa putra (1617 A.J., 1693/1694 A.D.). datan kawarnèng ênu | putra kalih praptèng Sêmanggi | nulya pisah ing lampah | kang rayi angidul | Pangeran Dipanagara | lajêng ngalèr ing Garompol sampun [sampu...]

--- 19 : 29 ---

[...n] prapti | kèndêl amasanggrahan ||

35. pangeran Balitar kang winarni | lampahira praptèng Kêpuhbuta | amakuwon sawadyane | pangarsanira rawuh | Ngadiraja gènira baris | nênggih Ki Garwakôndha | kang dadya panganjur | samana wadya kaparak | kanan keri Garwakôndha kang nindhihi | nahan kang winursita ||

36. Tambakbaya Mantri Surawèsthi | lawan Wirantanu wus miyarsa | yèn wadyèng Kartasurane | prapta kang ngirid laku | putrèng nata ingkang sumêndhi | pangeran ing Balitar | kang wadyakuswagung | dyan prajurit Surabaya | lèngsèr saking Kaduwang mring Pranaragi | panganjur Kartasura ||

37. budhal saking AdirajaNgadiraja. aglis | lampahira wus praptèng Kaduwang | Pangeran Balitar mangke | budhal sawadya umung | Ngadiraja pangeran prapti | lajêng ing lampahira | Kaduwang wus rawuh | nahan ingkang kawuwusa | Pangran Dipanagara yun-yunan jurit | lan wadyèng Surabaya ||

38. pan kasaru wontên duta prapti | saking rama kangjêng sri narendra | nawala tinupiksage | dinuk ing lamatipun | poma aywa sira ungkabi | hèh nyawa sutaningwang | iku layang ingsun | besuk sira tupiksaa | angetana yèn sira wus panggih kaki | lan Si Jayapuspita ||

39. wus tiningkêm malih kang kintaki | Pangran Dipanagara tyas suka | angunandikèng kalbune | rosing tyas wus kapangguh | pan ing nguni wus dèn lèjêmi | dadya amupus ing tyas | madêg suranipun | Pangeran Dipanagara |

--- 19 : 30 ---

animbali mring ipe wus praptèng ngarsi | Ki Arya Wiradirja ||

40. Wiradirja uwus dèn bisiki | mêsat saking ngarsane pangeran | datan kawarna solahe | ing Kiping sampun rawuh | panggih lawan Kartayudèki | caraka wus tinulak | langkung sukanipun | sira Dêmang Kartayuda | angundhangi marang sagunging prajurit | amêthuk lampahira ||

41. mring Pandonan arsa amondhongi | sira Pangeran Dipanagara | wus samêkta prajurite | warnanên lampahipun | Arya Wiradirja wus prapti | wus cundhuk lan Pangeran | Dipanagarèku | katur ing sasolahira | jêng pangeran samana wus angundhangi | mring sagung wadyanira ||

42. duk samana ingkang dèn tindhihi | bala Kartasura Gowong Kalang | miwah wong desa sakèhe | pangeran ngandikarum | mring sakèhe kang para mantri | hèh kabèh dasih ingwang | kang trêsna maringsun | ing besuk sira nusula | aywa umung ing mangkya nunggala maksih | lan baris Kartasura ||

43. yèn bubar aywa pisah atêbih | besuk pisaha yèn wus antara | saratri lah dipun age | dene pra garwaningsun | dèn tilara sajroning biting | wau kang kawuwusa | wadya Surèngkewuh | sira Dêmang Kartayuda | saha bala prapta bêndhene tinitir | atri umung kang surak ||

44. apuyêngan bala jroning biting | wong Kartasura samya siyaga | Pangran Dipanagarage | mêdal jawining pintu | asru dènnya ngundhangi baris | hèh batur aywa obah |

--- 19 : 31 ---

ingsun arsa wêruh | apa rupane kang mêngsah | sigra nitih turôngga pangeran aglis | lan sapta lan parpatan ||

45. kuda mamprung pangeran glis prapti | cundhuk lawan Dêmang Kartayuda | wadya ingkang wuri gègèr | sigra Pangran Madiun | kang tinuduh ngrabasèng biting | mring Dêmang Kartayuda | sigra dènya nêmpuh | amrêpêki pabitingan | wadyèng Kartasura lumayu awingwrin | katunjang asasaran ||

46. sampun kêbut sakathahing baris | amung kantun para garwanira | Pangran Dipanagarane | wus pinondhongan wau | dening wadyèng môncanagari | Pangran Dipanagara | dènira apunggung | lawan Dêmang Kartayuda | eca bawarasa pan sarwi lumaris | datan kawarnèng marga ||

47. jroning kitha Madiun wus prapti | Dêmang Kartayuda wus amatah | kang têngga pabitingane | miwah kang dadya cucuk | maksih pajêg dènira baris | prajurit Surabaya | anèng Kalimungkung | kang ngungsir wong Kartasura | samya wangsul maring lèpèn Mungkung malih | atata barisira ||

48. têtindhihe ran Kêbokikili | lawan sira Rôngga Macanlola | pan mantri andêl kalihe | warnanên lampahipun | pangran lawan Kartayudèki | lajêng pan sampun prapta | ing Kartasurèku | sagunging môncanagara | pan tinilar ing Madiun anênggani | ing garwane pangeran ||

49. sigra lajêng praptaning Kadhiri | Dêmang Kartayuda gya utusan | atur uningèng kakange | mêsat kang dinuta wus | garawalan [gara...]

--- 19 : 32 ---

[...walan] pan sampun prapti | ing Japan wus apanggya | duta nêmbah matur | wus katur sasolahira | sira Jayapuspita suka ing galih | sigra ngundhangi wadya ||

50. asayaga miwah Murah Panji | ingaturan mêthuk ing pangeran | sarêng budhal sawadyane | Wanantrawulan rawuh | rêrêb samya kang wadya alit | akarya pasanggrahan | pirantinya mêthuk | Pangeran Dipanagara | lawan Dêmang Kartayuda aglis prapti | wus cundhuk lan dipatya ||

51. pêngkul-pinêngkul myang Murah Panji | sira Dipati Jayapuspita | arum amanis ature | dhuh anggèr gustiningsun | tan andipe yèn praptèng ngriki | raosing tyas kawula | kabanjiran madu | karoban samodra kilang | upamine kang abdi nandhang kêkêling | mèh prapta ing antaka ||

52. waluyane duk nah anggèr prapti | sigra Pangeran Dipanagara | ambuka srat bêbêktane | tinupiksèng kang têmbung | miwah sira ki adipati | gantya dènnya nupiksa | samya nuksmèng kalbu | kadriya ingkang timbalan | jêng narendra langkung suka sang dipati | myang sira Murah Panjya ||

53. samangkana praptèng ri Rêspati | sira Pangeran Dipanagara | pan sampun jinunjung raje | myang sêsilih jêjuluk | panêmbahan namanirèki | anêngguh Hèrucakra | ing bisikanipun | Senapati Ing Ngalaga | Ngabdurahman Sayidin Panatagami | dening sang adipatya ||

54. Jayapuspita sinung kêkasih | sira Dipati Panatagama | myang Panji Surèngranane | samya sinung jêjuluk | Adipati Natapurèki |

--- 19 : 33 ---

tuwin Ki Kartayuda | wus sinung jêjuluk | Dipati Sasranagara | sira Jaka Tangkêban sampun angalih | Ki Ngabèi Jangrana ||

55. upacara sampun dèn aturi | salir ingkang busananing nata | miwah wong magêrsarine | prajurit pitung atus | ingkang kawan atus wong Bali | samya gagah prakosa | sagêgamanipun | prasamya sondhèr rang-rangan | tan kêna sah kang prajurit kawan biting | lawan jêng panêmbahan ||

56. lêlurahe Ki Muna satunggil | lan Ki Mulak bantunira prapta | pun Murah Panji Balèlèng | awasta Gusti Agung | limang atus wadyanirèki | mangkana sang dipatya | Surabaya matur | marang kangjêng panêmbahan | kadipundi ing karsa paduka mangkin | masalahing ayuda ||

57. yèn kenginga kawula aturi | ngadhatona paduka nèng Daha | ecaa siniwi bae | dening prakawis ripu | pan amunga pun adhi-adhi | panêmbahan ngandika | tarima sihipun | nanging manira ki raka | sêsinau nêdya ngawaki pribadi | tan arsa ngeca-eca ||

58. nging pun Sasranagara Dipati | punika kakang manira bêkta | myang môncanagara kabèh | sawetan gunung Lawu | sampun ewah kadi ing nguni | dening kang pra dipatya | sawetan woyèku | maksih amalwa pun kakang | majêngêna mungsuh saking Surawèsthi | ki dipati sumôngga ||

59. dadya sagung ingkang gunêm kawis | kacarita pan samadya côndra | nèng ngriku pangran lamine | budhal [bu...]

--- 19 : 34 ---

[...dhal] sawadya umung | miwah sira ki adipati | sarêng dènira budhal | angatêr nèng ênu | gya wangsul ungkur-ungkuran | mung Dipati Sasranagara kang maksih | tunggil lan panêmbahan ||

60. tan winarna solahirèng margi | Panêmbahan Hèrucakra prapta | ing Madiun wus apanggèh | lan para garwanipun | miwah wadyanira ing nguni | kang samya milwa bubar | mangkya sami nusul | wus panggih lan gustinira | myang kang para dipati samya apanggih | lawan jêng panêmbahan ||

61. ingundhangkên marang Sang Dipati | Sasranagara lamun pangeran | sampun madêg nata mangke | sawetan ardi Lawu | myang sakiduling jalanidhi | sakilèn Balambangan | kang atas winêngku | bisikaning naradipa | Panêmbahan Hèrucakra ing samangkin | Senapati Ngalaga ||

62. iya Ngabdurahmanu Sayidin | Panatagama myang Kartayuda | Adipati sêsilihe | Sasranagara sampun | mupakat kang para bupati | yèn kala siniwaka | munggèng tarub agung | pinarak anèng dhêdhampar | lamun ari Saptu panêmbahan nênggih | miyos ing Pawatangan ||

63. nênggih ingkang môngka pamugari | sira Dipati Sasranagara | angrèh punggawa sakèhe | tatag tangginas têguh | ambêk sura ki adipati | titih yèn ulah yuda | nahan kang winuwus | Dipati Panatagama | kang abaris ing Japan nuduh kang rayi | banjêl mring Surabaya ||

64. Ki Dipati Natapura aglis | budhal lawan Ngabèi Jangrana | ngrabasèng [ngra...]

--- 19 : 35 ---

[...basèng] Surabayane | praptèng Sapanjang sampun | pan kacatur ing sabên ari | dènira bôndayuda | pan buru-binuru | mangkana kang winursita | Pangran Adipati Balitar miyarsi | kalamun ingkang raka ||

65. Pangran Dipanagara ing mangkin | sêdya bôngga wus umadêg nata | ing Madiun kadhatone | sigra utusan sampun | tur uninga ing rama aji | caraka sampun prapta | Kartasura cundhuk | sêrat katur ing narendra | tinupiksa kampitèng tyas sri bupati | nêhêr apêparentah ||

66. wadya gêdhong tinuduh sapalih | ambantoni Pangeran Balitar | sigra lumampah barise | timbalane sang prabu | ingkang putra kinèn ngangsêgi | ngancika Pranaraga | mangkana wus rawuh | bantu saking Kartasura | wadya gêdhong caranira angêngirid | wus cundhuk lan pangeran ||

67. wus kadriya timbalan narpati | sigra wau Pangeran Balitar | angundhangi prajurite | kinon sayaga sampun | budhal saking Tirisan aglis | panganjuring ayuda | Ki Garwakandhèku | kalawan Sêcadirana | Kartabasa kalawan Panji Tohpati | sira Pangran Balitar ||

68. mingêr angalèr barisirèki | praptèng Godhêg sira Garwakôndha | miwah Sêcadiranane | myang Kartabasa wau | katri lawan Panji Tohpati | sira Pangran Balitar | Pranaraga rawuh | Panêmbahan Hèrucakra | wus miyarsa yèn ingkang rayi marpêki | budhal saking nagara ||

--- 19 : 36 ---

69. arsa mêthuk yudane kang rayi | sira Dipati Sasranagara | ingkang dadya panganjure | kalawan Gusti Agung | pan paduka punggawèng Bali | sira jêng panêmbahan | nindhihi ing pungkur | datan kawarna ing marga | sigra prapta ing Godhêg campuh ing jurit | lawan wong Kartasura ||

70. Garwakôndha ingkang anindhihi | wadya kaparak wong Kablitaran | sira Sêcadiranane | ramya ing yudanipun | sarêng dènnya bêdhil-binêdhil | samya wong warêg dana | tan ana kang mundur | Dipati Sasranagara | angabani ing bala sarêng angukih | pêngkuh wong Kartasura ||

71. wong Kablitaran angantêp jurit | gulanggulang lan wong samaputra | miwah wong tanuastrane | myang wong jagasurèku | samya ngantêp ing yuda ngukih | miwah wadya kaparak | tan anêdya mundur | arukêt dènira yuda | long-linongan aramya rok silih ukih | sira Pangran Balitar ||

72. anjênêngi munggèng wuri têbih | tuwin Panêmbahan Hèrucakra | anjênêngi ing wadyane | nanging kalingan dhusun | asmu merang mulat ing ari | amung wong Surabaya | lan prajurit wangsul | miwah wong môncanagara | kang dèn adu sagunging para bupati | samya ngawaki yuda ||

73. Ki Dipati Sasranagarèki | mangsah manêngah sawadyanira | anitih maêsa bule | kinapan abra murub | panandêre kadya turanggi | binendrong ing sanjata | eca anggêgambul | anêmpuh ing Garwakôndha | wadyèng Surabaya [Su...]

--- 19 : 37 ---

[...rabaya] pangamuke ngukih | wadya kaparak tadhah ||

74. wong Kablitaran sigra nulungi | Sêcadirana myang Kartabasa | miwah Panji Tohpatine | wong Surabaya liwung | rowang mungsuh kathah ngêmasi | Garwakôndha wongira | akathah kang lampus | santanane kawan dasa | mantri gêdhong alap-alap angêmasi | sigra Ki Garwakôndha ||

75. angatag marang kang para mantri | wadya kaparak sarêng umangsah | miwah wong Kablitarane | sarêng dènira nêmpuh | wadyèng Surabayakèh mati | sapih kang punang yuda | kasaput ing dalu | lan sarêng mundur kalihnya | Panêmbahan Hèrucakra wangsul malih | mring Madiun nagara ||

76. wadyèng Kartasura apan maksih | anèng Godhêg pajêg barisira | nging Pangeran Balitare | sawadyanira mundur | marang kitha ing Pranaragi | amung panganjuring prang | anèng Godhêg tugur | kunêng gantya kawuwusa | sri narendra samana grah angranuhi | kang putra tinimbalan ||

114. Ingkang Sinuhun Pakubuwana I seda dipun gêntosi putra Pangeran Adipati Mangkunagara

77. Pangran Dipati Balitar aglis | budhal saking nagri Pranaraga | lan wadya sêliran bae | ingkang binêkta mantuk | duta nata awanti-wanti | ingenggalakên lampah | tan kawarnèng ênu | Pangeran Balitar prapta | Kartasura lajêng tumamèng jro puri | wus cundhuk lan narendra ||

78. gêrahira saya anglayadi | apan sampun [sa...]

--- 19 : 38 ---

[...mpun] karsaning Hyang Suksma | sang nata nimbali age | mring Kapitan Jaswèku | kang ajaga Kartasurèki | wus praptèng ngarsa nata | pinaringan sampun | surat buk kinèn nglajêngna | mring Batawi karsanya sri narapati | benjing sapungkurira ||

79. kang rinilan gumantyèng narpati | putranira têtiga punika | inggih salah satunggile | dhingin putra kang sêpuh | ingkang sami mijil sing padmi | Pangeran Adipatya | Mangkunagarèku | yèn punika tan wontêna | kang panênggak Dipati Purubayèki | linilan madêg nata ||

80. yèn tan wontên kang putra kêkalih | kang waruju pan samya rinilan | Adipati Balitare | yèn wontên katrinipun | yêkti ingkang sêpuh pribadi | Pangeran Adipatya | Mangkunagarèku | kang nawala wus tinampan | Jaswa mêdal sapraptanira ing jawi | wus mêsat dutanira ||

81. ya ta wau kangjêng sri bupati | animbali ing para arinya | Pangran Arya Matarame | Arya Panularipun | kalih praptèng ngarsa rakaji | sang nataris ngandika | karone riningsun | manira iki kayana | karsane Hyang ing sapungkur ingsun yayi | prakara putranira ||

82. ingsun titip marang sira yayi | putranira benjing Ki Dipatya | Anom Mangkunagarane | yogya gumanti ringsun | yèn tan ana ki adipati | kang tuwa sutanira | karone puniku | Ki Adipati Purbaya | Ki Dipati Balitar karo pan sami | môngsa bodhoa sira ||

83. ingkang putra samya

--- 19 : 39 ---

dèn timbali | pêpak munggèng dagane kang rama | miwah kang pramèswarine | myang wong sadalêm agung | nulya mapan sri narapati | tangis umyung gumêrah | miwah Kangjêng Ratu | Kancana sumungkêm pada | para putra karuna samya nungkêmi | ing padane kang rama ||

84. duk samana kang seda rumiyin | Tuwan Sayid sasi Rabyolawal | ing tanggal kaping pitune | sedanipun sang prabu | nuju sasi Rabingulakir | pan ing ari Arbanga | kalih tanggalipun | nunggil taun Alip ika | sinêngkalan warna toya rasa tunggil |Sengkalan: warna toya rasa tunggil (2 Rabingulakir 1644 A. J., 12 Februari 1720 A.D.). kala mapan sang nata ||

85. gumêr tangising wong jroning puri | garwa sêlir manggung para lurah | amlasasih sêsambate | dyan siniraman gupuh | ki pangulu wus dèn timbali | sakêtib modinira | pêpak nèng kadhatun | kang layon sampun kinapan | sinalatkên ing sagunging para mukmin | ri sampuning mangkana ||

86. duk jênênge limawêlas warsi | ingkang layon binêktèng Mataram | sinarèkkên Magirine | mangkana kang anglurug | Garwakôndha wus dèn timbali | wadya gêdhong kaparak | sarêng dènnya mantuk | mung kang nèng ing Surabaya | Ki Tumênggung Cakrajaya ingkang maksih | tugur sawadyanira ||

87. Adipati Mangkunagarèki | putra ingkang ngêbroki ing pura | mangkana dina Somane | punggawa sowan pênuh | kang santana kang para mantri | Ngabèi Sinangarya | rôngga lawan dêmung | kinêrig sagung pradikan | sakathahe ngulama kang para kaji | miwah [mi...]

--- 19 : 40 ---

[...wah] kang para tapa ||

88. ki pangulu kêtib juru modin | samya sewaka nèng panangkilan | warnanên ing jro purane | pangeran dipatyèku | wus sayaga arsa umijil | angantosi Kapitan | Jaswa lagya rawuh | Pangeran Arya Mataram | manjing pura kang putra wus dèn aturi | miyos ing panangkilan ||

89. dyan umiyos pangeran dipati | akêkanthèn asta lan Kapitan | Jaswa kang munggèng kerine | kang kanan pamanipun | sapraptane ing pôncaniti | sigra Pangeran Arya | Mataram sru muwus | hèh sakèhe pra dipatya | para mantri padha pirsakêna mangkin | yèn anak adipatya ||

90. anggêntyani rama madêg aji | sira kabèh padha ngèstokêna | myang para ngulama kabèh | ngèstrènana kaprabun | saur sêmbah kang para mantri | miwah para ngulama | kêtib lan pangulu | tuwin pradikan sadaya | angèstrèni jênêngirèng narapati | tuwin gurnadur jendral ||

91. sigra Kapitan Jaswa ngaturi | lan pangeran lênggah adhêdhampar | kang rama palênggahane | arja lêlamak babut | apan sampun dan pinarêki | sagunging pra dipatya | nêmbah nguswa suku | pangulu donga nurbuwat | dyan winaca anênggih kang sêrat jangji | saking gurnadur jendral ||

92. Jumadilawal madêgiraji | Kya Gunturgêni mungêl têngara | bêdhil ngloji muni kabèh | sang nata sigra kondur | myang Kapitan Jaswa umiring | sapraptanirèng pura | sira

--- 19 : 41 ---

sang aprabu | kang paman kalih ngandika | myang kang raka tuwin ingkang rayi-rayi | sadaya ingandikan ||

93. sapraptane wau jroning puri | kang santana prasamya dhadharan | lawan Kapitan Jaswane | miwah kang pra tumênggung | pan sadaya ngandikan puri | pan lajêng bêbadhayan | munggèng mandhapagung | tan winarna solahira | Panêmbahan Hèrucakra kang winarni | sampun miyarsa warta ||

94. lamun ingkang rama sri bupati | mangkya mantuk marang rahmatullah | sakalangkung pangungune | arsa mêmule sampun | angundhangi bala anggêrit | kidang lawan mênjangan | amêmule sampun | mangkana kang winursita | sri narendra ing dina Soma tinangkil | prabu ing Kartasura ||

95. datan owah kadya duk suwargi | miyosirari Rêspati Soma | miwah yèn ari Saptune | miyos ing alun-alun | anyukakkên manahing dasih | sang nata wus utusan | marang Surèngkewuh | Ki Tumênggung Cakrajaya | pinatêdhan uninga lamun sang aji | seda putra gumantya ||

96. lawan kinèn têtêpa kang baris | aywa mulih yèn durung sampurna | nagari Surabayane | mangkana sang aprabu | pêparentah marang ing dasih | Kyai Kartanagara | wus jinunjung lungguh | dadya pêpatih pangiwa | pan pinaro parentah ing tanah Jawi | têngêne Cakrajaya ||

97. pan ing nguni duk kang rama swargi | sira Tumênggung Kartanagara | wus kinarya sisihane | lawan Cakrajayèku | dadya mangkya ngantukkên malih | sira Ki Martadita |

--- 19 : 42 ---

wus jinunjung lungguh | myang sampun sinungan aran | Ki Tumênggung Mangunnagara kinardi | gêdhong têtindhihira ||

98. Pangran Pringgalaya wus ngêmasi | kang ginanjar dènira sang nata | anggêntyani lêlinggihe | nênggih santana prabu | saking Kablitaran Matawis | Radyan Martakusuma | Mas Gale duk timur | dupi jinunjung kang lênggah | sarta sinung jêjuluk dening narpati | Dyan Arya Pringgalaya ||

99. sutanya Pangran Pringgalayèki | jalu kala jênênge kang rama | kinarya mantri anome | sedane ramanipun | tan gêntyani rama namèki | nanging jinunjung lênggah | sinungan jêjuluk | Tumênggung Natawijaya | dening dhusun linggihe duk ramanèki | samana tan kaliya ||

100. apan sami kinarya têtindhih | kalih Arya Radèn Pringgalaya | sami angrèh mantri gêdhe | Ki Sumabrata lampus | anakira gêntyani mantri | Ngabèi Kartinala | pinaringkên sampun | maring Ki Kartanagara | Carik Bajra sinungan nama ngabèi | nêngguh Tirtawiguna ||

101. duk samana sira ki dipati | Purubaya Dipati Balitar | pinundhut upacarane | duk kala swarginipun | ingkang rama putra kêkalih | akandhaga gotongan | myang pangawinipun | lêlima kang munggèng ngarsa | wus pinundhut saliring kang busanèki | upacara Kaputran ||

102. upacara santana kang maksih | ingkang rayi kalih tan lênggana | nanging sakit jroning tyase | myang gêgadhahanipun | jagasura dipun pundhuti | tanapi ing Balora |

--- 19 : 43 ---

pan sampun pinundhut | sangsaya jarêm ing driya | sira Pangran Balitar gêgabah dasih | anggung adadar-dadar ||

103. wadyanira sèwu winatawis | agulang-gulang myang Samaputra | katanggung tanuastrane | myang sêsêliranipun | pan dèn ulig siyang myang ratri | lumintu dana boja | miwah kramanipun | sampun karsaning Hyang Suksma | jêng pangeran kêna pangaduning iblis | supe ing kadang tuwa ||

104. Garwakôndha kang ngadon-adoni | ingaturan angrêbata pura | pan Jawa sami darbèke | punapa kaotipun | tuwin ingkang wêling kang swargi | nagari tanah Jawa | singa kang amêngku | putra têtiga punika | sayêktine dhuh anggèr samia mukti | sampun sakit ing driya ||

105. mangkya gèr nandhang sakit ing galih | gêgadhuhan anggung pinundhutan | suwawi sampun sêdhênge | dene kang pra tumênggung | anggèr kathah kang malih kapti | akait lan kawula | ing samangsanipun | paduka ngrabasèng pura | pra dipati gusti akathah kang malik | nunggil lawan kawula ||

106. dadya pangeran giwang kang galih | ingkang paman sampun ingaturan | Pangran Arya Matarame | prapta sampun acundhuk | lan kang putra wontên panêpin | Pangran Arya Balitar | alon dènnya muwus | dhuh paman kadipunapa | aprakawis jasad kawula puniki | anggung asakit driya ||

107. putra dika ki lurah ing mangkin | dhatêng kawula asiya-asiya | kula paman sayêktine | lali ing kadang sêpuh | datan wande ngrabasèng jurit |

--- 19 : 44 ---

Pangran Arya Mataram | têbah jaja ngadhuh | dhuh anggèr sampun mangkana | kadang tuwa gêgêntine ramantaji | duraka kang pinêdhak ||

108. lamun kenging pun paman ngaturi | jamak gêrang dadia pêpalang | dhaplok dadi pêpathoke | kênia kawula jum | sampun karya rêngkaning bumi | nadyan kang sampun lunga | rakanta puniku | Ki Arya Dipanagara | lah puniku têka umadêg narpati | yèn pikire pun paman ||

109. dèn undanga mulih mring nagari | jagat Jawa dèn pangana tata | runtut lawan santanane | gêdhe barêkatipun | yèn anggunga angèncèng pikir | yêkti suda kang bêrkat | bumi têmah rêtu | ènthèng yèn binobot ing lyan | sira Pangran Balitar nauri aris | dhuh inggih-inggih paman ||

110. lamun putra dika sri bupati | uningaa sampun akarya sak | sangêt marang ing kadange | inggih ta sintên purun | gêgêntine rama narpati | dene dahat niaya | marang raganingsun | sayêkti singa tiwasa | sintên wêruh paman ing sawuri-wuri | luwih karsaning Suksma ||

111. dene andika paman ing mangkin | kêdah tumut maring putra dika | kang sampun umadêg rajèng | inggih ta sampun tanggung | sêdhêng dika milwa kakaji | kang sampun madêg nata | kuwawia munjung | amuktèkakên wong tuwa | pan kawula puniki dadi wong cilik | tur miskin tanpa karya ||

112. Pangran Arya Mataram ambêkis | adhuh anggèr sakarsa andika | lamun makatên kandhane | bubuhane wong jimbun |

--- 19 : 45 ---

lamun ora kangge malangi | yêkti ngadêg ing têngah | nora milu-milu | sapa ingkang sinerenan | ing nurbuat wong Jawa yêkti dhêdhumpil | anging gèr tur kawula ||

113. raka dika kidul Ki Dipati | Purubaya sampun dika tilar | apa barang sarêmbage | karana ta puniku | dhingin tuwa lan kaping kalih | kawawa tur prakosa | balatantra agung | yèn angrojong raka dika | sayêkti wong Jawa padha wêdi asih | kèlu sagung punggawa ||

114. Pangran Balitar nauri aris | gih-gihane môngsa lah kawula | paman pintên prakawise | yèn atilara rêmbug | putra dika kangmas Dipati | Purubaya punika | kapanggih ing pungkur | tan kawarna solahira | pangran kalih ing dalu samya lumaris | dhatêng Kapurubayan ||

115. sapraptane katiga apikir | Pangran Purbaya kewran ing driya | arsa rinojong arine | kang raka sang aprabu | raosing tyas malang tumolih | anging emut kang swarga | ing wêwêlingipun | hèh Ki Dipati Purbaya | ingsun titip ing arinira sawiji | Ki Dipati Balitar ||

116. aywa kongsi asakit tyasnèki | sira kang tuwa kaki amonga | ing arinta sapolahe | dadya mênggah angadhuh | Pangran Arya Mataram angling | yèn pun raos ing nala | sisip kang asêpuh | ingkang anom sisip uga | dene nora idhêp ing anomirèki | bok iya narimaa ||

117. pangeran ing Purbaya nauri | witning paman kula

--- 19 : 46 ---

dahat kewran | anging yèn èngêt wêlinge | swargi rakanta prabu | mring kawula awanti-wanti | tuwin mring putra dika | ki lurah puniku | pan inggih winêkas-wêkas | titip maring arinira kang wuragil | milua awibawa ||

118. Pangran Balitar nauri aris | pan kawula paman botên êsak | duk upacara sakèhe | pinundhutan puniku | pan kawula angraos alit | dene kang gêgadhahan | sabin kyèh pinundhut | kang kula têdha punapa | bocah kula paman sèwu malah lêwih | lan malih sangêt wirang ||

119. tan winarna solahirèng nguni | pangeran kalih pan sampun bubar | saking Kapurubayane | gantya ingkang kawuwus | panêmbahan ingkang palinggih | nèng Madiun nagara | kang sampun amêngku | wadya ing môncanagara | pan angrêbda duk samana budhal saking | Madiun karsanira ||

120. amrêpêki ing Kartasurèki | panêmbahan arsa ngrabasèng prang | gumuruh wadyabalane | datan kawarnèng ênu | sampun prapta ing Sokawati | abaris ing Pandonan | pabarisanipun | duk saking ing Kartasura | wus rinakit kadhaton kinubêng biting | akarya panangkilan ||

121. alun-alun pan sampun aradin | punggawanira samya malatar | pinarapat pakuwone | wong Sokawati nungkul | pan akathah jinunjung linggih | wong kalang apan kathah | kang dadya tumênggung | Dipati Sasranagara | wus anuduh marang sagunging prajurit | samya ngêlar jajahan ||

122. kang angilèn [angi...]

--- 19 : 47 ---

[...lèn] ing Kampak wus prapti | kang angidul praptèng Aribaya | wong Sokawati barise | ya ta ingkang winuwus | Jêng Pangeran Balitar nênggih | kang tansah anggêgabah | marang wadyanipun | mangkana Ki Garwakôndha | anggêgubêl pangeran katuran wiwit | punapa ingantosan ||

123. Garwakôndha marmanya kadyèki | dene sutanira kinunjara | Ki Ragum ika wastane | ing gêdhong prênahipun | dosanira asabèng puri | marma Ki Garwakôndha | sangêt aturipun | dadya Pangeran Balitar | anuruti wadyanya pinêpêk sami | sayaga ing ayuda ||

124. apan sampun utusan mring loji | anodhi marang Kapitan Jaswa | mandhêg ing têngah ature | pan sami kadangipun | tanah Jawa padha duwèni | tan arsa munasika | ing sakarsanipun | dènira rêbut nagara | wong Kumpêni singa kang anèng jro puri | pasthi gusti manira ||

125. singa mênang ingsun kang ngêmongi | singa kalah ingsun milu jarah | kang bacok sun cokok bae | singa unggul sun panggul | pan wus bubuhaning Kumpêni | anèng ing tanah Jawa | pan suwitèng ratu | yèn mungsuhana wong liya | nadyan rêmuk dèn bandhêmêna tan gingsir | mangkana aturira ||

126. dadya eca pangeran tyasnèki | wadyanira wus samya sayaga | miwah Ki Garwakandhane | pêpak santananipun | miwah para kaum lan kaji | samya rêmbug anulya | suwawi angamuk | anuju ing sasi Ruwah | dina Saptu tanggal ping

--- 19 : 48 ---

lima anênggih | sarêng ing bêdhug tiga ||

127. jêng pangeran ngrasuk busanaglis | waos dhahar binagi sadaya | marang ing para lurahe | miwah kagungan dhuwung | dinum marang wong bêcik-bêcik | kang yoga tan kêna sak | lan sariranipun | jêng pangeran sigra budhal | saking dalêm sawadyanira lumaris | ing tyas datan mundura ||

115. Pangeran Balitar jumênêng nata wontên ing Kartasari (Mataram) ajêjuluk Sultan Ibnu Mustapa, lajêng mêngsah ingkang raka Sinuhun ing Kartasura

138. Durma

1. Garwakôndha kang dadi cucuking lampah | para lurah nambungi | Ki Gandaradesa | lawan Ki Anggandara | Jaladara lawan malih | Ki Maudara | Subala lan Subali ||

2. pun Banendra Sudira lawan Nirada | samya andêl ing jurit | Prêtipa Sumitra | Kricak lan Laksamana | Sêcawiragagapati | Urawan lawan | Bêthokjenggot nambungi ||

3. têtindhihe Apatih Sêcadirana | lawan Panji Tohpati | Kartabasa lawan | Pôntrabasa ing ngarsa | lampahe tan mêdal loji | sakilènira | anjog sakidul masjid ||

4. wus malêbèng alun-alun Garwakôndha | praptèng gêdhong siraglis | kang kêmit tinumbak | wong Kablitaran surak | gumrah pan samya numbaki | Ki Ardiguna | mantri gêdhong ngêmasi ||

5. wadya gêdhong sumyur samya manjing pura | ya ta sri narapati | gugup amiyarsa |

--- 19 : 49 ---

otêr wong sajro pura | wong dalêm pating jalêrit | wong Kablitaran | surak sarwi ambêdhil ||

6. kang akêmit ing jro baris palataran | sapalih samya mijil | anjagani lawang | nênggih wadananira | Mangunnagara kang kêmit | sigra dinuta | garawalan mring loji ||

7. wadya Kablitaran kadya singalodra | galak tinon ngajrihi | samya kibir ing tyas | anarka lamun bêdhah | ingsun sida angêploki | besuk badhaya | liyangan kêndhagadi ||

8. Garwakôndha anake anèng panjara | sigra dènnya marani | panjara binujat | sira Ragum wus mêdal | Garwakôndha anangisi | dhuh sutaningwang | tan nyana lamun urip ||

9. Ki Tumênggung Mangunnagara wus prapta | ing loji wus apanggih | sira lawan lutnan | asru pamuwusira | ingong dinuta narpati | marma andika | suwe tan magut jurit ||

10. pan puniki pakênira kang sinêdya | dede sri narapati | sêdya ngrusak ing ta | kait wong Surabaya | kang raka sangêt malangi | nanging tan kêna | mila mangkya dhatêngi ||

11. sarêng myarsa wuwuse Mangunnagara | kagyat bala Kumpêni | pan sampun siyaga | budhal marang Pamêngkang | mung Walônda rong Kumpêni | praptèng Pamêngkang | lan mungsuh wus apanggih ||

12. dan angêdrèl Kumpêni lir gêlap sasra | wong Kablitaran sami | umangsah narajang | binendrong ing sanjata | sumyur pangarsanirèki | Sêcadirana | panggah pamuk mapulih ||

--- 19 : 50 ---

13. anarajang ingurugan ing sanjata | kang jaja akrêp kanin | niba wus palastra | sira Sêcadirana | Apanji Tohpati kanin | asta kalihnya | kataratas ing mimis ||

14. Kartabasa narajang sampun katiban | ing mimis angêmasi | nulya kasusunankasungsunan. | ing gurnat lan gurnada | ing wuri kiwul tan pulih | Pangran Balitar | praptèng wetan sitinggil ||

15. pan kapêthuk andêle samya palastra | sigra nrêgakên dasih | Kumpêni ing wuntat | saya kathah kang prapta | pangêdrèle wanti-wanti | pan kadya udan | tibane punang mimis ||

16. dadya kewran tyasira Pangran Balitar | wadya sami nangisi | dhuh anggèr kondura | wadya paduka risak | ngungsia rakanta gusti | Pangran Purbaya | yèn angrojong suwawi ||

17. linêbêtan saking kori pêpungkuran | nulya mundur tumuli | sawadya lon-lonan | sampun anggagat siyang | Ratu Pakubuwanèki | sampun miyarsa | karuna kontrang-kantring ||

18. sambat-sambat kang raka kang sampun seda | dhuh lae sri bupati | tan sagêd kawula | atêngga putrandika | dhuh kula tumut ngêmasi | putra paduka | samya brêwalèng jurit ||

19. sigra minggah Jêng Ratu Pakubuwana | dhatêng ing gunung Kunci | Pangeran Balitar | praptèng ing Surabayan | ngidul sawadyanirèki | kang ibu miyat | ngawe sarwi anangis ||

20. asta kanan angawe-awe kang putra | kang keri astanèki | angusapi waspa | dhuh

--- 19 : 51 ---

kulup dèn aenggal | ngungsia kakangirèki | Si Purubaya | dhuh kulup dèn agêlis ||

21. kumpêni tan angungsir ing lampahira | sami minggah sitinggil | mariyêm pinasang | kang anèng sitibêntar | sadaya pan sarêng muni | lir gêlap sasra | wong Kablitaran wingwrin ||

22. sigra-sigra lampahing baris wus prapta | Kapurubayan nuli | Pangeran Balitar | manjing dalêming raka | kang wadya pênuh nèng jawi | wong Kapurbayan | samya graitèng galih ||

23. Jêng Pangeran Purbaya maksih anendra | kagyat gumyah ing jawi | mêdal kathetheran | sigra Pangran Balitar | kang rakaglis dèn sungkêmi | asru karuna | sêsambate mlasasih ||

24. dangu datan uwal dènnya ngrangkul pada | langkung èmêng ing galih | Pangeran Purbaya | arsa milwa arinya | kang raka karasèng galih | jêtung atêbah | jaja ngandika aris ||

25. wis mênênga yayi mas aywa karuna | ingsun kang anglabuhi | yayi maring sira | nanging ta payo lunga | saking ing Kartasurèki | yayi ngancika | nagari ing Matawis ||

26. rasaning tyas yèn ingsun kalawan sira | angancik ing Matawis | wadyèng Kartasura | karia nora kathah | punggawa myang para mantri | asru ngandika | Pangeran Purbayèki ||

27. payo bocah Kapurbayan têngaraa | siyagaa dèn aglis | sigra atêngara | gumyah wong Kapurbayan | wus samya samêktèng jurit | kang para lurah | andhèr ngarsaning gusti ||

28. Jêng Pangeran [Pange...]

--- 19 : 52 ---

[...ran] Purbaya ngrasuk busana | maring garwanirèki | wus samya siyaga | pangeran sigra budhal | gumuruh swaraning dasih | dyan ing pasowan | kidul kang dèn ampiri ||

29. sira Pangran Balitar sigra utusan | sagung para garwèki | kinèn budhalêna | saking ing dalêmira | wong gulang-gulang tinuding | kang kawarnaa | wong Kapurbayan prapti ||

30. ing pasowan kidul myang wong Kablitaran | kori kapanggih kunci | wadyèng Kapurbayan | samya amadung lawan | kaparak kang jagi kori | nungkul sadaya | tan ana nglawan jurit ||

31. pan kasaru praptane bala Walônda | gumrudug ambêdhili | sinungsunan gurnat | gutuk api gurnada | lir udan tibaning mimis | wong Kapurbayan | samya mundur aririh ||

32. pangran kalih lajêng wau lampahira | umung swaraning janmi | wontên abdinira | Pangeran Purubaya | Ki Mangunonêng panastis | katur pangeran | Ki Mangunonêng pamit ||

33. adhuh gusti kawula anuwun lilah | arsa laju mring Pathi | yèn wontên pangaja | sarta barkat paduka | ing Pathi kawula gitik | yèn sampun bêdhah | kawula sowan malih ||

34. adhuh gusti sadaya antuka rowang | pangeran anuruti | Mangunonêng sigra | ngalèr sarowangira | pangeran kalih winarni | pan sampun prapta | Drêsanan rêrêb sami ||

35. enjing budhal tan winarna lampahira | praptèng nagri Matawis | saha wadyanira | pan ing Kartawinata | kang arsa dèn kadhatoni | ngalihkên [nga...]

--- 19 : 53 ---

[...lihkên] aran | kitha ing Kartasari ||

36. animbali sakathahe wong pradikan | miwah kang para kaji | sagunging ngulama | lawan kang para tapa | kinêrik mring Kartasari | apan sadaya | kinèn samya ngèstrèni ||

37. ing pangeran dènirarsa madêg nata | Kiyai Wanagiri | apan sampun prapta | lawan sasabatira | wong Mataram samya kêrig | nèng Kartasêkar | sampun agêng kang baris ||

38. Kartasari pan sampun arakit praja | yasanira kang swargi | kadhaton wus pelag | mangkana dina Soma | pangeran kalih tinangkil | pêpak kang wadya | pênuh wadyèng Matawis ||

39. Jêng Pangeran Purbaya gya undhang-undhang | marang sagunging dasih | padha ngèstokêna | kalamun ari êmas | sun junjung madêg narpati | anèng Mataram | bisikanira nênggih ||

40. Sultan Ibnu Mustapa Pakubuwana | Senapati Nglagèki | iya Ngabdurahman | Sayidin Natagama | kang rayi jinunjung aglis | kinèn alênggah | munggèng dhêdhampar rukmi ||

41. sigra ngadêg Ki Wanagiri andonga | sagung wadya ngèstrèni | Pangeran Purbaya | jumênêng Panêmbahan | Purubaya senapati | madyèng payudan | kang wadya saur pêksi ||

42. Garwakôndha wus jinunjung lungguhira | pan kinarya pêpatih | wus sinungan aran | Tumênggung Jayabrata | wadyèng Kablitaran sami | kathah kinula- | wisudha dadya mantri ||

43. Wôngsadirja Pêpatih Kapurubayan | sampun jinunjung linggih | ran Wiranagara |

--- 19 : 54 ---

Tumênggung jêjuluknya | Pangeran Arya anênggih | pan putranira | kangjêng sri narapati ||

44. Kartasura nanging pinupu kang paman | Pangran Purubayèki | kala timur mila | anèng Kapurubayan | wus pinakramakkên nguni | kapanggih kadang | Dyan Ayu Wulan nênggih ||

45. putranira Kangjêng Pangeran Balitar | radèn putra ing mangkin | tan arsa kantuna | ing nagri Kartasura | kêdah milwa mring Matawis | trêsna ing paman | mangkya sinung wêwangi ||

46. Pangran Adipati Anom namanira | wong Kapurbayan sami | akathah kang minggah | Radèn Wôngsakusuma | pan sampun jinunjung linggih | nênggih Dipatya | Urawan namanèki ||

47. Bôngsapatra wasta Dipati Lumarap | Ki Wirayuda mangkin | Subud namanira | Tumênggung Martasura | nguni Rajamênggalèki | pan sutanira | aran Ki Rajaniti ||

48. sinung aran Ki Tumênggung Sindusastra | anak ing Wanagiri | wus sinungan aran | sira Arya Panangsang | Banendra sinung wêwangi | Tumênggung Singa- | barong kang awêwangi ||

49. Prayawôngsa lêlurah Kapurubayan | sami jinunjung linggih | ran Rônggawarcitra | sisihnya Suradita | wus sami jinunjung linggih | sinungan aran | Rôngga Wanèngjiwèki ||

50. Prayanôngga Tumênggung Mangunnagara | Gadhingan wus sêsilih | ran Malangsumirang | sira Gêndaradesa | Ki Arya Tambakbayèki | wontên santana | abdinira narpati ||

51. duk jênênge sri narendra ingkang swarga | lênggah [lêng...]

--- 19 : 55 ---

[...gah] wong nirbayèki | saking Wanglu ika | lan Radèn Wiradipa | apan wus jinunjung linggih | sinungan aran | Radèn Danupayèki ||

52. Sêcayuda ran Tumênggung Nirantaka | Dyan Suranggaranèki | Tumênggung Mataram | mangkana jurunira | pan Kiyai Wanagiri | apan winênang | lênggah nginggil ing kursi ||

53. jajar lawan Panêmbahan Purubaya | Kiyai Wanagiri | kèdhêp aturira | sarwi sinungan aran | Kyai Gêdhe Wanadadi | sampun mupakat | mangkana kang winarni ||

54. Panêmbahan Purubaya pêparentah | marang punggawa mantri | kang tinuding kesah | samya ngêlar jajahan | Ki Sindurêja tinuding | mring Parimana | Kêdhu kinèn nguyuni ||

55. Sindurêja Ki Mas Garit duk alitnya | budhal sawadyanèki | angêlar jajahan | ing Parimana prapta | wong Kêdhu suyud awingwrin | Tumênggung Marta- | sura sampun tinuding ||

56. angrabasèng marang nagari Toyamas | budhal saking Matawis | tan kawarnèng marga | wus praptèng Wanakarta | urut lêdhok dèn irupi | nungkul sadaya | sigra budhal kang baris ||

57. saking Wanakarta angêlar jajahan | sumahab punang baris | mring nagri Toyamas | Tumênggung Martasura | datan winarna ing margi | praptèng Toyamas | lajêng campuh ing jurit ||

58. wong Pamardèn Banjar Sagaluh wus milwa | mring Ki Martasurèki | rame punang yuda | tumênggung ing Toyamas | kasoran dènira jurit | wonge kèh pêjah | kuthane

--- 19 : 56 ---

dèn anciki ||

59. Ki Tumênggung Banyumas ngungsi mring Têgal | wau ta kang winarni | wadyèng Kapurbayan | kang dhatêng Urutpanjang | ing Kadrêsanan wus prapti | têtindhihing prang | Lumarap Adipati ||

60. nèng Drêsanan sira Dipati Lumarap | pan sampun abêbiting | kanan keringira | suyut sagung wong desa | mring Lumarap Adipati | sampun angrêbda | agêng barisirèki ||

61. duk samana wadyalit ing Kartasura | jadhêl marang Matawis | suwung kang nagara | para mantri akathah | minggat prasamya ambalik | milwèng Mataram | lorodan sabên latri ||

62. amung kantun wadya kadipatèn lama | maksih têngga narpati | kathah kang kinula- | wisudha Dirayuda | pan sampun jinunjung linggih | wadya kaparak | kanan kang dèn tindhihi ||

63. sinung aran sira Ki Dêmang Urawan | dene kaparak keri | Ki Diramênggala | sampun sinungan aran | Ngabèi Wirajayèki | Kartanagara | sampun sinung sêsilih ||

64. pan jumênêng Adipati Mangkupraja | samana wontên malih | pan kaprênah tuwa | santana kadiptyan | Dyan Santarêja rannèki | wus sinung aran | Pangeran Mangkubumi ||

65. saking Sanggung têdhake Kasutakaran | sampun sinungan kardi | anjaga tampingan | ing Sanggung kang jinaga | nanging datan dèn tuguri | nglarag kewala | yèn wontên mungsuh prapti ||

66. kang bang kilèn sang nata wus pêparentah | mangkana kang tinuding | atêngga tampingan | Radèn [Ra...]

--- 19 : 57 ---

[...dèn] Suradiningrat | marang sawetaning ardi | Marapi gènnya | Suradiningrat nênggih ||

67. putranipun Pangeran Arya Panular | kinarya senapati | abaris ing Sêpal | ngêrig wong wetan arga | Dêmang Prêkul dèn tindhihi | apan wong desa | sura jinunjung linggih ||

68. sabên dina dènira prang long-lonongan | sawetaning nagari | kang jaga tampingan | samana cinarita | wontên sudagar narpati | Ki Pranasuta | sampun jinunjung linggih ||

69. ingaranan Ki Tumênggung Sumabrata | sugih wong kang ginajih | rosa budinira | têtindhihe wongira | apan cinara Kumpêni | Sumadinala | sutanira pribadi ||

70. sabên ari anglarag jawining kitha | dene bala Kumpêni | kathah ingkang prapta | saking nagri Samarang | kang baurêksa narpati | myang wong Makasar | Ambon Sêmbawa Bugis ||

71. pan atugur sagunging prajurit sabrang | akalangan kang baris | anèng panangkilan | ya ta jêng sri narendra | utusan mring Surawèsthi | dutaglis mêsat | kang karsa sri bupati ||

72. animbali Ki Tumênggung Cakrajaya | miwah surat Kumpêni | animbali Amral | caraka sampun prapta | ing nagari Surawèsthi | dhawuhkên sêrat | marang rêkyana patih ||

73. miwah Amral samya nupiksa kang surat | kagyat ngungun ing galih | sira ki apatya | Tumênggung Cakrajaya | nangis sadalêming galih | sagung dipatya | prasamya dèn timbali ||

74. prapta andhèr sagunging [sagung...]

--- 19 : 58 ---

[...ing] para dipatya | samya sinungan paksi | angungun sadaya | ngandika Cakrajaya | baya karsaning Hyang Widhi | yèn bumi rêngka | para gèr rêbut singgih ||

75. jêr tiwase si paman Kartanagara | among ing gusti-gusti | yèn bisa anjuma | supaya mangkenea | sadaya wus dèn undhangi | para dipatya | miwah bala Kumpêni ||

76. arsa budhal mantuk marang Kartasura | kang tinanggênah baris | tugur Surabaya | Kumpêni sabrêgada | têtindhih kapitan Bongseng | dene Dipatya | Tuban lawan Garêsik ||

77. ing Lamongan Sidayu lawan Madura | liya punika kêrig | Ngabèi Tohjaya | karsanya ki apatya | binêktèng Kartasurèki | nanging Kapitan | Bongsing lan pra dipati ||

78. samya nêdha kantune Kyai Tohjaya | tugur ing Surawèsthi | marmanya tinilar | dening Ki Cakrajaya | Ki Ngabèi Tohjayèki | dyan kawuwusa | budhal sagunging baris ||

79. samya mêdal ing Samarang karsanira | warnanên ing Samawis | ing saprêlosira | Kumêndur Gobyo ika | Kumisaris kang gumanti | Dulkup ranira | kasub lamun ajurit ||

116. Kraman Pangeran Pôncawati

80. kunêng ingkang budhal saking Surabaya | Amral lan ki apatih | gantya winursita | Pangeran Kudus ika | ing nguni kang dèn gantyani | dening ki arya | kesah sarayatnèki ||

81. saking Kudus adhêdhukuh bumi Dêmak | ingaran Pôncawati |

--- 19 : 59 ---

alami nèng kana | Pangeran Kudus mangkya | sêdya bôngga madêg baris | kawula Dêmak | samya nungkul awingwrin ||

82. marmanyajrih dene mawi pangabaran | Pangeran Pôncawati | mila wadyèng Dêmak | samya nungkul sadaya | lan dipatinira sêpi | nèng Surabaya | dadya ngrêbda kang baris ||

83. duk samana wus ngrabasèng nagri Dêmak | Pangeran Pôncawati | mantri kang atêngga | nagari tan kawawa | kitha sampun dèn anciki | kang kawuwusa | Amral lan ki apatih ||

84. lagya rêrêb samana anèng Jawana | wontên wong Dêmak prapti | katur maring Amral | kalamun nagri Dêmak | wontên wong umadêg baris | ngirup bêbahak | Pangeran Pôncawati ||

85. nagri Dêmak ing mangkya sampun kancikan | barise wus andadi | wadyabala Dêmak | ingkang sêdya anglawan | samya kasoran ing jurit | kêkês kang manah | marma suyud awingwrin ||

86. duk samana Ki Tumênggung Suranata | lan Patmanagarèki | kinèn rumiyina | dening Amral Baritman | tanapi rêkyana patih | pan sampun budhal | anggrêgut punang dasih ||

87. dènnya lami nèng nagari Surapringga | mangkya praptèng nagari | kapranggul ing mêngsah | samyagêng nêpsunira | wong Dêmak kotbuta sami | datan kawarna | ing marga sampun prapti ||

88. Pajimatan wong Dêmak lajêng umangsah | Pangeran Pôncawati | wus miyarsa warta | lamun wong Dêmak prapta | wadyane wus dèn undhangi | tata barisnya | samya

--- 19 : 60 ---

kinèn ngujungi ||

89. ing Pangeran Pôncawati pamrihira | luputa sakèh mimis | waradin sadaya | wadya sarêng umangsah | nèng Kabanyon tata baris | wong Dêmak prapta | lajêng campuh ing jurit ||

90. têtindhihe kêkalih pan putranira | Pangeran Pôncawati | Dyan Suradipura | lawan Sumadipura | sèwu lamun winitawis | kèhe kang wadya | samya kulambi putih ||

91. dènnya aprang arame pan long-linongan | wadya ing Pôncawati | solahe lir macan | sêsuta suda pakan | wadya ing Dêmak kalindhih | kathah kang pêjah | ya ta wau winarni ||

92. Amral Britman lan Tumênggung Cakrajaya | miwah wadyèng pasisir | lampahe tut wuntat | wurine Suranata | wus praptèng Dêmak nagari | lajêng umangsah | sagung bala Kumpêni ||

93. wadyèng Pôncawati wus atur uninga | marang gustinirèki | yèn Kumpêni prapta | pangeran angandika | pan iku dudu Kumpêni | babi kang praptiGuru lagu seharusnya: 5a, babi kang prapta. | ywa sira walang ati ||

94. ing ayuda têka sira tarajanga | pasthi piyak kang mimis | takut marang sira | pan ingsun kang anulak | wau ta nayaka kalih | sigra umangsah | kotbuta punang dasih ||

95. sarêng nêmpuh bala Kumpêni atadhah | angêdrèl wanti-wanti | kukusing sundawa | pêtêng madyèng palagan | wong Pôncawati kèh mati | Suradipura | sampun anandhang kanin ||

96. myang arine Sumadipura palastra | wong Pôncawati ngisis | Kumpêni sumahab | sinusunansinungsunan. ing gurnat | wadyèng

--- 19 : 61 ---

Pôncawati wingwrin | ingkang lumajar | samya ngungsi ing gusti ||

97. Pangran Pôncawati ingaturan wikan | yèn putra angêmasi | myang kang nandhang brana | wadya tumpês sadaya | sigra Pangran Pôncawati | nyandhak talêmpak | pêpulih ing ajurit ||

98. mêdal saking pakuwon Kumpêni prapta | Pangeran Pôncawati | binendrong sanjata | wongira kathah pêjah | sêdya mangamuk mapulih | nanging kasangsang | ing gurnat gutuk api ||

99. ingurugan ing mimis pan kadya udan | Pangeran Pôncawati | wus anandhang brana | baunira kang kiwa | mundur mring sakidul kali | wus dèn rêrômpa | binêkta mring surambi ||

100. Amral Britman umiyat kalangkung suka | anulya tinut wuri | myang sagung dipatya | umiring marang Amral | prapta ngarsaning surambi | Amral umiyat | ing Pangran Pôncawati ||

101. galangsaran pinrêpêkan dening Amral | asru dènira angling | hèh tabe pangeran | lu mau jadhi raja | amangku rat tanah Jawi | mangapa lukak | sêmpal baunirèki ||

102. mari bangun beta angkat jadhi raja | Pangeran Pôncawati | nangis mêgap-mêgap | ngranuhi brananira | Amral suka dènirangling | anarik pêdhang | sun awèh tômba bêcik ||

103. wus pinêdhang pangeran tatas kang jôngga | pan sampun angêmasi | Amral mundur sigra | mring wismèng Suranata | lawan sagung pra dipati | amasanggrahan | umiring ing apatih ||

104. tan winarna ing dalu [da...]

--- 19 : 62 ---

[...lu] enjinge budhal | marang nagri Sêmawis | tan kawarnèng marga | praptèng nagri Sêmarang | Tumênggung Cakrajayèki | lan Amral Britman | panggih lan komisaris ||

117. Panêmbahan Hèrucakra ngêmpal dhatêng Sultan Ibnu Mustapa

105. wus amanggih pira-pira ingkang kurmat | gantya ingkang winarni | Mangunonêng ika | prapta sing Kartasura | anjujug ing dhusun Sani | santananira | wong Pathi samya prapti ||

106. Mangunonêng wau ngadêg barisira | angrabasèng ing Pathi | arame prangira | wadyalit long-linongan | wong Pathi sampun kalindhih | nagaranira | pan sampun dèn anciki ||

107. Mangunonêng supe patambayanira | lan Pangran Purbayèki | wruh ingêring praja | pan sampun aputusan | marang nagari Sêmawis | nungkul karsanya | marang Kartasurèki ||

108. wus apanggih lan Tumênggung Cakrajaya | duta saking ing Pathi | myang ing Amral Britman | pan sampun tinarima | nahan gantya kang winarni | ing Kartasura | Pangran Arya Matawis ||

109. pan alolos lan saputra garwanira | miwah dasih tan kari | sêdya madêg nata | nèng nagri ing Santênan | lampahira sampun prapti | ing Garobogan | sampun umadêg baris ||

110. duk samana kang jumênêng Garobogan | Arya Môndhalikèki | apan tan kawawa | lajêng nungkul kewala | ing Warung Balora sami |

--- 19 : 63 ---

myang ing Sêsela | prasamya dèn irupi ||

111. ing Balora kang sami amapag ing prang | dening wus nungkul sami | marang Panêmbahan | Hèrucakra gustinya | dadya wong môncanagari | bahak-binahak | gantya ingucap malih ||

112. sri narendra wus anglampahakên duta | marang nagri Sêmawis | saha mawi surat | duta praptèng Samarang | tinampan ing komisaris | surat sang nata | pan sampun tinupèksi ||

113. ingurmatan bêbukaning kang nuwala | dening Rêkyana Ratih | Cakrajaya salah | winastan tingalira | marang kangjêng sri bupati | akarsa mêngsah | nêngguh pangeran kalih ||

114. winastanan Ki Tumênggung Cakrajaya | duk anèng Surawèsthi | amangun wasana | surat praptèng Pangeran | Balitar Purubayèki | marma ya ngrêbat | pura asmara kingkin ||

139. Asmaradana

1. dadya mangke anêmahi | Ki Apatih Cakrajaya | ginêdhong jroning lojine | saking karsaning narendra | Tumênggung Cakrajaya | wus asrah ing pêjahipun | datan suwalèng ing karsa ||

2. lan ungêl sêrat narpati | Amral ingkang tinimbalan | mring nagri Kartasurane | ingutus amagut yuda | marang nagri Mataram | lawan angirida laku | ing bala Kumpêni ika ||

3. kalawan amawi tulis | kang saking gurnadur jendral | Amral kinèn lumaywage | apan sampun asiyaga | miwah Kumpêni Islam | Ambon Sêmbawa myang Wangsul | Bugis kalawan Makasar ||

4. pan sampun siyagèng jurit |

--- 19 : 64 ---

Amral samana akarsa | panggih lan Cakrajayane | wus pinaranan samana | unggyan ing Cakrajaya | Amral mulat wlas kalangkung | ing galih wus têtabean ||

5. sarya waspanira mijil | Amral aris dènnya ngucap | hèh Ki Cakrajaya mangke | sampun susah manah dika | dèn andika dinukan | tanpa dosa mring sang prabu | inggih têka linampahan ||

6. sok têmên-têmêna ugi | andika datan acidra | ing galih dhatêng sang katong | pasthi basuki tinêmwa | benjing lamun manira | prapta ing Kartasurèku | yèn ingwang panggih lan nata ||

7. sayêkti manira benjing | inggih kang angaturêna | ing dika ala bêcike | dènnya ngucap Tuwan Amral | sarwi ngusapi waspa | langkung agêng trêsnanipun | Amral mring Ki Cakrajaya ||

8. milagêng trêsnanirèki | Amral ing pangrasanira | rewang sabaya patine | duk ana ing Surabaya | katoge manahira | katontokaton ta. yèn manah alus | atitih ing budinira ||

9. saurira ki apatih | inggih kalangkung manira | ing tarimakasih ingong | anging ta wêkas manira | Amral mring pakênira | aywa matur mring sang prabu | manawa sri naranata ||

10. kabranang asalah tampi | ingaranan anyênyambat | mring dika matur sang katong | satêmah awak manira | dêstun alaning ala | kirang piyandêl ing ratu | yèn awêdia palastra ||

11. dudu trape wong angabdi | Amral Britman aris ngucap |

--- 19 : 65 ---

inggin dèn piyandêl bae | pan môngsa bodho manira | benjing duga-dinuga | ênggèn ngong amrih rahayu | dyan arêrangkulan sira ||

12. Amral pan sampun umijil | sing gêdhong gwan Cakrajaya | datan winarna solahe | wus budhal saking Sêmarang | Amral saha balanya | wong sabrang kyèh warnanipun | datan kawarna ing marga ||

13. Amral ing lampahirèki | anumpak ing Kartasura | sampun pinêthuk praptane | mring Dipati Mangkupraja | anèng ing Toyadana | enjing wus ngaturan laju | malêbêta ing nagara ||

14. apanggih lawan narpati | apan sampun sinêgahan | sagung bala Kumpênine | prênahe pakuwonira | bangsal pangapit wetan | de bala Kumpêninipun | wau kang kalih bragada ||

15. akubêng kuwunirèki | nahan ingkang kawarnaa | kang kutha Kartasarine | sultan lawan panêmbahan | samana aputusan | mring nagri Sokawatiku | ingkang raka ingaturan ||

16. Pangran Hèrucakra nênggih | mring nagara Kartasêkar | suwawi rêmbag amongmong | dhumatêng ing arinira | nanging ta Panêmbahan | Hèrucakra pan kalangkung | èwêde wardayanira ||

17. arsa nunggila kang rayi | mring nagari Kartasêkar | dene ngraos arsa dhewe | rumaos yèn sugih bala | dadya anôngga krama | ya ta dutane rinipun | apan ta sampun tinulak ||

18. duta kapisan ping kalih | kaping tri antara tita | kang rayi kaku galihe |

--- 19 : 66 ---

Panêmbahan Purubaya | sigra nulya utusan | mring nagri Japan agupuh | datan kawarna ing marga ||

19. wus prapta Japan nagari | duta panggih lan dipatya | wus dhinawuhkên surate | tinampan gya tinupiksa | apan sampun kadriya | punang sêrat têmbungipun | mring sira sang adipatya ||

20. Japuspita langkung dening | angungun kewran ing driya | dene ing mangke karsane | Panêmbahan Hèrucakra | sêdya madêg priyôngga | mapan mangkana lingipun | pan ingsun tan abêbakal ||

21. wasiyate rama swargi | môncanagarèki uga | pasthi sun kukuhi bae | dening ingsun kinèn saba | mring nagari Mataram | salêgane atiningsun | apan ta padha narendra ||

22. kapindho sun tuwa ugi | Jayapuspita turira | pêpêt nunggil karsa anggèr | lan sultan ing Kartasêkar | ngling sira Panêmbahan | Hèrucakra datanpa yun | lamun anunggila karsa ||

23. lan sultan ing Kartasari | angraos sampun kuwawa | dadya Jayapuspitane | kakwa tyas kang piniliha | rêmbag lan para kadang | ing Surabaya sadarum | ature kang para kadang ||

24. lêhêng ta anuta maring | Panêmbahan Purubaya | Jayapuspita nulyage | angatag ing arinira | saha mawi nawala | mring Kartayuda wus pangguh | sêratira kang tinampan ||

25. gya tinupiksa tumuli | apan ta sampun kadhadha | mring Ki Sasranagarane | saraos raosing sêrat | sigra Sasranagara | angundhangi dasihipun |

--- 19 : 67 ---

miwah myang para dipatya ||

26. apan sadaya ngrêmbagi | môncanagara sadaya | angêrigêna ing mangke | maring sira Panêmbahan | Hèrucakra karsanya | ya ta kalane ing dalu | Dipati Sasranagara ||

27. miwah wong môncanagari | wus ambolos saha bala | kêbut saking pandonane | Panêmbahan Sokawatya | wus ingaturan wikan | yèn bala Surabayèku | budhal lan môncanagara ||

28. kampita ring tyasirèki | enjing wau kawarnaa | apan wus prapta lampahe | Dipati Sasranagara | bêndhe sigra tinêmbang | munggèng jawi bitingipun | amung swaraning kang surak ||

29. gègèr salêbêting biting | prajurit Bali sadaya | wus samya lumajar age | nunggil wadyèng Surabaya | myang wong môncanagara | saha surak tri gumuruh | pan samya bêdhili sira ||

30. kalangkung gugupirèki | Panêmbahan Hèrucakra | sigra nyandhak jêmparinge | wus mêdal anèng ing lawang | pabitingan angaglah | kang wadya sadaya sampun | miwah ingkang para garwa ||

31. binêdhahakên ing wingking | kathetheran polahira | wong Surabaya tandange | apan sami amarêpak | wau kang para garwa | kocar-kacir wêdalipun | ya ta wau panêmbahan ||

32. ngawe-awe gandhewèki | marang Ki Sasranagara | sarya asru andikane | Sasranagara elinga | apa sakarêpira | apan ta ingsun anurut | Sasranagara miyarsa ||

33. nulya

--- 19 : 68 ---

têdhak sing turanggi | sampun nyandhak watangira | wadyalit piyak sirage | sapraptanira ing ngarsa | gya atur bêktinira | saha sugal aturipun | pan darmi anggèr kawula ||

34. nglampahi kadya puniki | sayêkti anggèr kawula | anglampahi parentahe | arinta ing Kartasêkar | Panêmbahan Purbaya | yèn paduka bôngga tuhu | kula kinèn nyampunêna ||

35. sarwi nyêlak ki dipati | saha ngikal watangira | myang Ki Wiradirêjage | lawan Ki Suramênggala | pra mantri Sokawatya | kang nanggulang juritipun | arame dènira yuda ||

36. panêmbahan tumulyaglis | anitih turangganira | prajurit Surabayane | sarêng sami anyênjata | myang wong môncanagara | ngêbyak kanan kerinipun | munduripun alon-lonan ||

37. wus têbih kalawan biting | mawur kang wong Sokawatya | asasaran palayune | wus pisah lawan gustinya | ya ta wong Surabaya | wus anulak lampahipun | wau dhatêng pabitingan ||

38. dening sira adipati | glis dhatêng ing pasanggrahan | anjarah para sêlire | kang kantun ing pasanggrahan | pêpitu kathahira | amung garwa padminipun | kang tumut ing panêmbahan ||

39. wus lêpas lampahirèki | amung kang wadya sadaya | maksih umiring gustine | ing Sêmanggi sampun prapta | kunêng kang winursita | Kya Sasranagara sampun | pakuwon kang ingênggenan ||

40. sagunging sêlirirèki | pêpitu ingkang binandhang | jinlajahan panjinahe | dupi sampun [sampu...]

--- 19 : 69 ---

[...n] ing antara | ing tigang latri ika | kontholira agya abuh | gêngnya sagolok Palembang ||

41. myang kalananganirèki | abuh sawêntis mêtungnya | mara sakawan bêdhade | anangis ratri myang siyang | saha sangêt sêsambat | dhuh tobat ulun satuhu | mring gustiku panêmbahan ||

42. baya ta dhatêng ing pundi | anggèr palajêng andika | kawula tut wuri anggèr | ulun minta pangaksama | siyang dalu karuna | kacarita pitung dalu | Sasranagara palastra ||

43. samana wus bubar sami | barise wong Surabaya | bêkta jisime gustine | kunêng ingkang kawarnaa | Pangeran Hèrucakra | gènnya nèng Sêmanggi wau | apan ta sampun alama ||

44. Dêmang Kêncèng tumulyaglis | dènira atur uninga | dhumatêng sira sang katong | Sang Aprabu Kartasura | pan sampun ingutusan | saha mawi sêratipun | saha amawi busana ||

45. miwah arta datan kari | pakintunira sang nata | mring panêmbahan sirage | tinimbalan ing sang nata | dhatêng ing Kartasura | nanging kewran galihipun | Panêmbahan Hèrucakra ||

46. dadya sira asêngadi | ngaturi kang para garwa | duk mawur dèrèng kapanggèh | miwah ingkang wadya wadya | sumyur kang ingantosan | dadya duka sang aprabu | wruh lamun sinanggèng krama ||

47. gya kinèn gusah tumuli | aywa makewuhi lampah | Dêmang Kêncèng tumulyage | amêpak santananira | wong urut Sala prapta |

--- 19 : 70 ---

ingkang jênêngi pun rawuh | saking nagri Kartasura ||

48. sigra bêndhene tinitir | Dyan Pangeran Hèrucakra | miyarsa gègèr ing tyase | agya ring palajêngira | binêrêg ing wong Sala | saha jêjênêng kang kantun | mantri papat Kartasura ||

49. panêmbahan sampun têbih | saksana wangsul sadaya | ingkang anututi kabèh | apan kasaput ing ratya | wau jêng panêmbahan | rêrêp Gênting raning dhusun | ing dalu kang kawarnaa ||

50. kalane ing madya ratri | tinukup dene wong desa | têlas saraja branane | malah kang garwa kabranan | anèng Gênting samana | panêmbahan wus lumayu | mring wana palayunira ||

51. turangganira wus kêni | malajêng dharat kewala | panêmbahan lan garwane | miwah ingkang para putra | umiring rêreyongan | anasak têpining gunung | angilèn anjog Têmbayat ||

52. aso sagarwanirèki | anèng wismaning pangeran | wus andriya wus arèrèh | samana nulya utusan | marang nagri Mataram | atur uninga ing wau | mring Pangeran Purubaya ||

53. lamun ingkang raka prapti | anèng dhusun ing Têmbayat | risak tan mawi wadyane | amung garwane kewala | lawan kang para putra | duk samana pitung dalu | anèng dhusun ing Têmbayat ||

54. anulya dipun utusi | pinêthuk tandhu turôngga | datan kawarna lampahe | wus praptèng nagri Mataram | panggih lan panêmbahan | Purbaya awlas andulu | gya amêkul pêpêkulan ||

--- 19 : 71 ---

55. pan samya karuna kalih | miwah sultan wus apanggya | kinulawisudha age | pan sampun sinungan bala | busana lawan arta | kinarya gajih wadyèku | samana sampun akarya ||

56. kalih atus kang prajurit | pan samya agêgundhulan | wadya Kahèrucakrane | tan lami anèng Mataram | wus kinèn angluruga | angêlar jajahanipun | tampingan ingkang bang wetan ||

57. samana sampun tinuding | panêmbahan sampun budhal | saking ing Kartasurane | wus praptèng Utêr samana | narubakên wong desa | gantya malih kang winuwus | nagari ing Kartasura ||

118. Wadya Kartasura anggêcak nagari Kartasari

58. sira Amral Britman nênggih | apan sampun asayaga | punggawa Kartasurane | pan sampun sami sayaga | myang sakapraboning prang | apan sumêdya amukul | nagari ing Kartasêkar ||

59. dyan budhal saking nagari | kang angirid lampahira | Dipati Mangkuprajane | akanthi Amral Baritman | myang kang prajurit sabrang | Kumpêni sakathahipun | punika kang têtindhihan ||

60. samana dèn sangkalani | wana papat rasa tunggal |Sengkalan: wana papat rasa tunggal (1646 A.J., 1721/1722 A.D.). gumrah swaraning punang wong | ya ta ingkang kawuwusa | punggawa ing Mataram | kang dadya cucuk prang pupuh | anèng desa ing Drêsana ||

61. apajêg dènira baris | sira Dipati Lumarap | pan wus miyarsa [mi...]

--- 19 : 72 ---

[...yarsa] wartane | yèn mêngsah agêng kang prapta | sigra sami sayaga | sakapraboning prang pupuh | wau ingkang kawarnaa ||

62. Dipati Mangkuprajèki | kalawan sawadyanira | praptèng Dilanggu lampahe | dening cucuking ayuda | sampun ayun-ayunan | Dipati Lumarap sampun | utusan mring Kartasêkar ||

63. tur wikan yèn mêngsah mijil | saking nagri Kartasura | wontên dene têtindhihe | Amral Britman Mangkupraja | dening Kumpêninira | tigang brêgada gungipun | miwah kang Kumpêni Islam ||

64. wontên dene kang nindhihi | kang nama Lutnan Jêmbaran | watawis sèwu wadyane | panêmbahan gya utusan | ambantoni ayuda | lawan malih akèn mundur | aywa sompok ing ayuda ||

65. maring Kalpu pan abaris | ing kono abêbitinga | dene kali tampingane | Tumênggung Wiranagara | wau ingkang tinêdah | ambantoni ing prang pupuh | wus budhal sawadyanira ||

66. saking kitha Kartasari | datan kawarna ing marga | wus prapta ing Dalimase | sampun abêbiting sira | wau kang kawuwusa | panêmbahan wus anuduh | Tumênggung Gajahpramoda ||

67. lan sagunging wong Matawis | miwah Ki Tumênggung Sura- | diningrat kalawan malèh | Tumênggung Sasradiningrat | kinon abêbitinga | anèng dhusun Sanasèwu | budhal punggawa katiga ||

68. ing Sanasèwu wus prapti | punggawa katri wus karya | tingkês myang kapurancange | ing Taji gènnya [gè...]

--- 19 : 73 ---

[...nnya] amasang | binanjêng tandhês arga | anênggih ing Sanasèwu | karya pakuwon wus dadya ||

69. pakuwon kang dèn saosi | sultan lawan panêmbahan | dènnyarsa mêthuk jurite | yudanira ingkang raka | prabu ing Kartasura | sultan dènnya angadhatun | gangsal wulan Kartasêkar ||

70. gènnya akarya prajurit | apan ta sampun akathah | dinadar siyang ratrine | dana boja miwah krama | miwah busana arta | karsanira sang aprabu | aywana mundur ing rana ||

140. Durma

1. kawarnaa sira Dipati Lumarap | sampun campuh ing jurit | lan wong Kartasura | rame dènira yuda | miwah kang bala Kumpêni | anèng Drêsanan | samya rok silih ungkih ||

2. Sang Dipati Lumarap mundur lon-lonan | sawadya Kalpu prapti | wadyèng Kartasura | ngêbroki ing Drêsanan | miwah kang wadya Kumpêni | sampun atata | wau dènira baris ||

3. Ki Dipati Lumarap sawadyanira | pan sampun abêbiting | ya ta kawarnaa | Dipati Mangkupraja | lan sagung para dipati | budhal anglarag | miwah bala Kumpêni ||

4. nênggih pitung kapitan ingkang binêkta | tuwin Makasar Bugis | pan pitung kapitan | budhal saking Drêsanan | gumyah swaraning kang baris | pan sampun prapta | Kalpu campuh kang jurit ||

5. Ki Dipati Lumarap sampun samêkta | wadya kang campuh dhingin | ramya kang sanjata | sira Tumênggung Wira- | nagara sawadyanèki | saking ing kanan | ramya campuh ing jurit ||

--- 19 : 74 ---

6. sigra wadya Kumpêni sarêng narajang | ngêdrèl mawanti-wanti | kukusing sundawa | pêtêng madyèng payudan | wadya Mataram angisis | tan ana tahan | binendrongan ing bêdhil ||

7. Ki Tumênggung Wiranagara lumaywa | ngungsi bitingirèki | Dipati Lumarap | nèng luhur pabitingan | prajurite tigang biting | pinangku ngarsa | samya wong surèngpati ||

8. bêkêl desa kathah kinulawisudha | rinoban dana krami | myang kinadang-kadang | sagung ingkang arahan | patinggine dèn larangi | yèn abuktia | nèng pondhokane sami ||

9. pan rinayat ing sabên ari tinunggal | kabèh dènira bukti | myang wutah ing krama | marma sagung arahan | kathah anglabuhi pati | malês sihira | Lumarap ing dipati ||

10. pan bèrbudi marma pêngkuh yudanira | sira Ki Adipati | Lumarap angatag | sagunging kalantaka | pinagurakên ing jurit | Ki Adipatya | Mangkupraja glis prapti ||

11. saha bala Kumpêni sarêng narajang | binendrong dening bêdhil | Dipati Lumarap | panggah dènira yuda | wadyanirakèh ngêmasi | nanging Dipatya | Lumarap datan gingsir ||

12. ingaturan mundur dening wadyanira | dawêg mundur kiyai | kêkathahên mêngsah | kadi botên kawawa | Dipati Lumarap angling | ingsun tan nêdya | ngoncati ing ajurit ||

13. apan ingsun trahing bandak pandarakan | mangkya jinunjung linggih | kinarya punggawa | ing gusti panêmbahan | apan wêwalêsing dasih | yèn dudu [du...]

--- 19 : 75 ---

[...du] iya | wutahe gêtih mami ||

14. dyan prajurit Kumpêni sarêng narajang | miwah Makasar Bugis | myang Ki Adipatya | Mangkupraja umangsah | asru anrêgakên baris | Lutnan Jêmbaran | sawadya ngrangsang biting ||

15. saking wetan bitinge sampun kunggahan | samya bendrongi bêdhil | Ki Tumênggung Wira- | nagara wus lumaywa | amung sira Ki Dipati | Lumarap panggah | wadya samya ngaturi ||

16. adhuh ki dipati suwawi lumajar | angungsi dhatêng gusti | kangjêng panêmbahan | nadyan ngantêpa yuda | ing benjing ngarsaning gusti | Ki Adipatya | Lumarap asru angling ||

17. sanak-sanak sapa ingkang wêdi pêjah | lumayua dèn aglis | ingsun durung nêdya | atinggal mungsuh aglar | yèn sun bobot mungsuh iki | apan atimbang | lan sihe gusti mami ||

18. apan ingsun dhingin aran Bôngsapatra | mangkya aran Dipati | Lumarap kinarya | gêdhig manggalaning prang | eman sihe gusti mami | karya punggawa | lumayu tinggal biting ||

19. wus kinêpung sira Dipati Lumarap | binendrongan ing bêdhil | wongirakèh pêjah | Dipati Mangkupraja | saking kilèn anangkêbi | Lutnan Jêmbaran | saking wetan ngêbyuki ||

20. saking kidul sagunging para dipatya | kang saking lèr Kumpêni | sigra nyandhak watang | Ki Dipati Lumarap | kang kilèn tinêmpuh wani | Ki Adipatya | Mangkupraja nadhahi ||

21. pan salawe wonge Dipati Lumarap | sakarine ngêmasi | sarêng ngamuk rampak | ingurugan sanjata | wadya

--- 19 : 76 ---

Kumpêni ngingsêri | saking ing wuntat | gumrudug ambêdhili ||

22. tan tinolih dening Dipati Lumarap | mung arsa kang dèn ungkih | kadya singalodra | sumyur kang tinarajang | wong Mangkuprajan kèh mati | Ki Adipatya | Lumarap kadi yaksi ||

23. ngiwat-ngiwut pangamuke ki dipatya | Kumpêni angêbyuki | wonge Ki Dipatya | Lumarap sampun têlas | ki dipati nandhang kanin | lambung myang jaja | lêsah pangamuknèki ||

24. Dyan Dipati Mangkupraja anarajang | sawadya angêbyuki | sira Ki Dipatya | Lumarap pinarbutan | angganira akrêp kanin | kulit tan pasah | dyan pinoporan bêdhil ||

25. Ki Dipati Lumarap sampun palastra | murda pinocok aglis | binêktèng nagara | katur ing sri narendra | pinanjêr waringin kalih | kang kalanangan | pinagas ki dipati ||

26. kalanangan katur ing Amral Baritman | suka ing tyas tan sipi | ngundang anjingira | prapta wus pinakanan | kalanangane dipati | raning srênggala | pun Jakup ingkang nguni ||

27. mangkya ngalihakên aran pun Lumarap | tate binêkta jurit | duk prang Surabaya | pun Jakup tan kêna sah | mangkana Ki Adipati | Amangkupraja | lan Amral rêmbag sami ||

28. lajêng lampahira amrêp ing Mataram | samya ngundhangi dasih | sagunging dipatya | miwah prajurit sabrang | datan kawarna ing latri | enjinge budhal | gumrah swaraning dasih ||

29. kawuwusa Tumênggung

--- 19 : 77 ---

Wiranagara | ingkang lumayu jurit | praptèng Kartasêkar | cundhuk lan panêmbahan | atur yèn kawon kang jurit | pun Adipatya | Lumarap angêmasi ||

30. dening mêngsah mangkya lajêng lampahira | lintang agênging baris | sira panêmbahan | langkung pangungunira | dene andêle ngêmasi | wus ingundhangan | sagung wadyèng Matawis ||

31. miwah Sultan Balitar ngundhangi bala | siyaga ing ajurit | wus samya samêkta | sakapraboning yuda | ing alun-alun abaris | sagung punggawa | saos ing pôncaniti ||

32. panêmbahan sampun angrasuk busana | arasukan lapis tri | jumantên kinarya | kancinge myang ing jaja | ujwalanira ngênani | asarawungan | dhêsthar gonje tulyasri ||

33. kinakitir buntare toyamas abra | tirah sinilih asih | ing mas kêthap-kêthap | arja akuluk Arab | paningsêt tambe sarati | dhuwung nyuriga | Ki Kalang munggèng ngarsi ||

34. mung turangganira sampun kinakapan | mubyar busananyasri | aran Ki Sukôntha | kuda agêm wus mêdal | Panêmbahan Purbayèki | sawadyanira | sêdya budhal ngriyini ||

35. panêmbahan miyos anèng panangkilan | kucêm sagung bupati | miyat kang ujwala- | nira jêng panêmbahan | anglir Prabu Pringgadani | gagah prakosa | arêrawis ngajrihi ||

36. dyan têngara budhal wadya Kapurbayan | umung swaraning dasih | busananing bala | kadya wukir kusuma | yèn tinon awarni-warni | panganjuring

--- 19 : 78 ---

prang | Tumênggung Sindurjèki ||

37. lawan abdinira lama panêmbahan | Ki Kartadiranèki | wong saking ing Roma | pan wus jinunjung lênggah | tumênggung namanirèki | Kartanagara | dadya cucuking jurit ||

38. panêmbahan sampun anitih turôngga | bêdhol sagunging baris | tan kawarnèng marga | wau ta lampahira | Panêmbahan Purbayèki | myang balakuswa | amasanggrahan sami ||

39. kawarnaa ing wuri Sultan Balitar | antara tigang ratri | budhal saha bala | saking ing Kartasêkar | gêgaman lir prawatagni | awarna-warna | umung swaraning dasih ||

40. panganjure Ki Tumênggung Jayabrata | anggrêgut punang dasih | kang nambungi wuntat | Tumênggung Singabarwang | lawan sagung para mantri | ing wurinira | ngulama para kaji ||

41. pan sadaya nêdya aprang sabilolah | pra kêtib lawan modin | têtindhihing lampah | pangulu Kartasura | milya ing pangeran kalih | Kyai Tangkilan | pan nêdya mati sabil ||

42. kangjêng sultan asri ing busananira | bajo baludru wilis | akêkancing rêtna | muncar akêthap-kêthap | dhêsthar gonje mas kinitir | akuluk Arab | nyuriga dhuwung katri ||

43. apaningsêt cindhe puspa sinarasah | datan anitih wajik | pan tandhu lêlawak | wau titihanira | ingayap wong magêrsari | datan kawarna | ing marga sampun prapti ||

44. Sanasèwu wus panggih lawan kang raka | amasanggrahan aglis | ya ta kawarnaa | Kumpêni sampun prapta |

--- 19 : 79 ---

ing Tangkisan tata baris | Amral Baritman | tanya mring ki apatih ||

45. kadipundi ki patih karsa andika | ngajêng puniki baris | sintên winatara | ki patih saurira | punika pangeran kalih | kula miyarsa | tindak ngawaki jurit ||

Lajêng nyandhak jilid: 20.

--- 19 : [0] ---

Isinipun

... Kaca:

112. Arya Jayapuspita lèngsèr saking kitha badhe mapan wontên ing Japan. (Pangkur, Dhandhanggula). ... 4

113. Pangeran Dipanagara kajunjung dados raja dening Arya Jayapuspita ajêjuluk Panêmbahan Hèrucakra, angadhaton wontên ing Madiun. (Dhandhanggula). ... 26

114. Ingkang Sinuhun Pakubuwana I seda, dipun gêntosi putra Pangeran Adipati Mangkunagara. (Dhandhanggula). ... 37

115. Pangeran Balitar jumênêng nata wontên ing Kartasari (Mataram) ajêjuluk Sultan Ibnu Mustapa, lajêng mêngsah ingkang raka Sinuhun ing Kartasura. (Durma). ... 48

116. Kraman Pangeran Pôncawati. (Durma). ... 58

117. Panêmbahan Hèrucakra ngêmpal dhatêng Sultan Ibnu Mustapa. (Durma, Asmaradana). ... 62

118. Wadya Kartasura anggêcak nagari Kartasari. (Asmaradana, Durma). ... 71