Sastra Jawa

Program Digitalisasi Sastra Daerah

  • Increase font size
  • Default font size
  • Decrease font size

Babad Tanah Jawi, Balai Pustaka, 1939-41, #1024 (Jilid 20)

Katalog:Babad Tanah Jawi, Balai Pustaka, 1939-41, #1024
Sambung:
1.Babad Tanah Jawi, Balai Pustaka, 1939-41, #1024 (Jilid 01). Kisah, Cerita dan Kronikal | Babad Tanah Jawi #1010.
2.Babad Tanah Jawi, Balai Pustaka, 1939-41, #1024 (Jilid 02). Kisah, Cerita dan Kronikal | Babad Tanah Jawi #1011.
3.Babad Tanah Jawi, Balai Pustaka, 1939-41, #1024 (Jilid 03). Kisah, Cerita dan Kronikal | Babad Tanah Jawi #1012.
4.Babad Tanah Jawi, Balai Pustaka, 1939-41, #1024 (Jilid 04). Kisah, Cerita dan Kronikal | Babad Tanah Jawi #1013.
5.Babad Tanah Jawi, Balai Pustaka, 1939-41, #1024 (Jilid 05). Kisah, Cerita dan Kronikal | Babad Tanah Jawi #1014.
6.Babad Tanah Jawi, Balai Pustaka, 1939-41, #1024 (Jilid 06). Kisah, Cerita dan Kronikal | Babad Tanah Jawi #1015.
7.Babad Tanah Jawi, Balai Pustaka, 1939-41, #1024 (Jilid 07). Kisah, Cerita dan Kronikal | Babad Tanah Jawi #1016.
8.Babad Tanah Jawi, Balai Pustaka, 1939-41, #1024 (Jilid 08). Kisah, Cerita dan Kronikal | Babad Tanah Jawi #1017.
9.Babad Tanah Jawi, Balai Pustaka, 1939-41, #1024 (Jilid 09). Kisah, Cerita dan Kronikal | Babad Tanah Jawi #1018.
10.Babad Tanah Jawi, Balai Pustaka, 1939-41, #1024 (Jilid 10). Kisah, Cerita dan Kronikal | Babad Tanah Jawi #1019.
11.Babad Tanah Jawi, Balai Pustaka, 1939-41, #1024 (Jilid 11). Kisah, Cerita dan Kronikal | Babad Tanah Jawi #1020.
12.Babad Tanah Jawi, Balai Pustaka, 1939-41, #1024 (Jilid 12). Kisah, Cerita dan Kronikal | Babad Tanah Jawi #1021.
13.Babad Tanah Jawi, Balai Pustaka, 1939-41, #1024 (Jilid 13). Kisah, Cerita dan Kronikal | Babad Tanah Jawi #1022.
14.Babad Tanah Jawi, Balai Pustaka, 1939-41, #1024 (Jilid 14). Kisah, Cerita dan Kronikal | Babad Tanah Jawi #1023.
15.Babad Tanah Jawi, Balai Pustaka, 1939-41, #1024 (Jilid 15). Kisah, Cerita dan Kronikal | Babad Tanah Jawi #1024.
16.Babad Tanah Jawi, Balai Pustaka, 1939-41, #1024 (Jilid 16). Kisah, Cerita dan Kronikal | Babad Tanah Jawi #1025.
17.Babad Tanah Jawi, Balai Pustaka, 1939-41, #1024 (Jilid 17). Kisah, Cerita dan Kronikal | Babad Tanah Jawi #1026.
18.Babad Tanah Jawi, Balai Pustaka, 1939-41, #1024 (Jilid 18). Kisah, Cerita dan Kronikal | Babad Tanah Jawi #1027.
19.Babad Tanah Jawi, Balai Pustaka, 1939-41, #1024 (Jilid 19). Kisah, Cerita dan Kronikal | Babad Tanah Jawi #1028.
20.Babad Tanah Jawi, Balai Pustaka, 1939-41, #1024 (Jilid 20). Kisah, Cerita dan Kronikal | Babad Tanah Jawi #1029.
21.Babad Tanah Jawi, Balai Pustaka, 1939-41, #1024 (Jilid 21). Kisah, Cerita dan Kronikal | Babad Tanah Jawi #1030.
22.Babad Tanah Jawi, Balai Pustaka, 1939-41, #1024 (Jilid 22). Kisah, Cerita dan Kronikal | Babad Tanah Jawi #1031.
23.Babad Tanah Jawi, Balai Pustaka, 1939-41, #1024 (Jilid 23). Kisah, Cerita dan Kronikal | Babad Tanah Jawi #1032.
24.Babad Tanah Jawi, Balai Pustaka, 1939-41, #1024 (Jilid 24). Kisah, Cerita dan Kronikal | Babad Tanah Jawi #1033.
25.Babad Tanah Jawi, Balai Pustaka, 1939-41, #1024 (Jilid 25). Kisah, Cerita dan Kronikal | Babad Tanah Jawi #1034.
26.Babad Tanah Jawi, Balai Pustaka, 1939-41, #1024 (Jilid 26). Kisah, Cerita dan Kronikal | Babad Tanah Jawi #1035.
27.Babad Tanah Jawi, Balai Pustaka, 1939-41, #1024 (Jilid 27). Kisah, Cerita dan Kronikal | Babad Tanah Jawi #1036.
28.Babad Tanah Jawi, Balai Pustaka, 1939-41, #1024 (Jilid 28). Kisah, Cerita dan Kronikal | Babad Tanah Jawi #1037.
29.Babad Tanah Jawi, Balai Pustaka, 1939-41, #1024 (Jilid 29). Kisah, Cerita dan Kronikal | Babad Tanah Jawi #1038.
30.Babad Tanah Jawi, Balai Pustaka, 1939-41, #1024 (Jilid 30). Kisah, Cerita dan Kronikal | Babad Tanah Jawi #1039.
31.Babad Tanah Jawi, Balai Pustaka, 1939-41, #1024 (Jilid 31). Kisah, Cerita dan Kronikal | Babad Tanah Jawi #1040.

Serie No. 1289s

Babad Tanah Jawi

Jilid: 20

Sultan Ibnu Mustapa seda sumare ing Imagiri

Bale Pustaka - Batawi Sèntrêm - 1940

--- 20 : [2] ---

Wêwênangipun ingkang ngarang kaayoman miturut anggêr ingkang kapacak ing Sêtatsêblad 1912 No. 600

--- 20 : [3] ---

Wadya Kartasura anggêcak nagari Kartasari

46. amral Britman sigra dènnya nata bala | sèwu bala Kumpêni | kang pinangku ngarsa | dening Kumpêni Islam | amangawat nganan ngeri | Ki Adipatya | Mangkupraja ing wuri ||

47. Panêmbahan Purbaya ngaturan wikan | lamun bala Kumpêni | wus praptèng Tangkisan | sigra anata wadya | Pangeran Arya tinuding | munggèng ing dhadha | lan sagung pra dipati ||

48. Panêmbahan Purbaya munggèng ing kanan | Sultan Balitar keri | asinang kang wadya | Kumpêni sampun prapta | nanging gêlar amiranti | obong-obongan | anglandêng munggèng wuri ||

49. lampahira mêdal têngah padhusunan | sagung bala Kumpêni | kang mêdal Babanar | amung para dipatya | dadya tungkul wong Matawis | datan anyana | yèn mungsuh karya gêndhing ||

50. wus katingal gêgaman ing Kartasura | datan mawi Kumpêni | wadyèng ing Mataram | nora pati agita | dening mungsuh sami Jawi | mantri Mataram | kinèn mêthuk ing jurit ||

51. sampun campuh wau dènira ayuda | rame rok silih ukih | ya ta kawarnaa | ingkang lumampah wuntat | sagunging bala Kumpêni | sandi lampahnya | datan wontên swarèki ||

52. menggok ngalor desa suwung minarganan | nurut salèring Taji | menggok ngilèn sira |

--- 20 : 4 ---

nuju barise sultan | sigra tumêmpuh tumuli | wong kasultanan | sami kapitèng ati ||

53. datan nyana yèn mungsuh Kumpêni prapta | kagum sagunging mantri | wadyèng Kablitaran | lajêng nêmpuh ing yuda | Walandi glis dèn bêdhili | ing kalantaka | Kumpêni datan gingsir ||

54. tinarajang barisnya wong Kablitaran | nênggih angidak wani | kawarnaa sultan | wus tata barisira | sagunging kang para kaji | miwah ngulama | pinagutakên jurit ||

55. sarta kang têngara umung sarêng cêlak | Kumpêni sarêng bêdhil | kang para ulama | sami ngamuk mring ngarsa | sampun karsaning Hyang Widi | tumpês sadaya | kaum kêdhik kang kari ||

56. sami pêjah aprang sabil lawan kopar | sigra sagunging mantri | myang para punggawa | sami tulung ing yuda | nanging gugup tandangnèki | Kumpêni eca | lêlumbungan kang baris ||

57. pra punggawa Kablitaran tuna dungkap | kaclakuthak ing jurit | suda manahira | binendrong ing sanjata | akathah longe kang mati | Sultan Balitar | kèsisan ing ajurit ||

58. wong Kumpêni sayasru pangamukira | sultan panggah tan gingsir | akiwul ing yuda | anging mêksa kaidak | pamayunge kêni mimis | songsong wus rêbah | ingkang bêkta ngêmasi ||

59. kangjêng sultan tinub ing para niyaka | sami atawan tangis | ngaturi mundura | sigra mundur jêng sultan | ingiring kang para mantri | pangeran arya | sêdya tulung ing jurit ||

60. lajêng ngalèr ingiring wong Kapurbayan |

--- 20 : 5 ---

Walandi ngidul aglis | têmpur lampahira | lajêng campuh kang yuda | arame rok silih ukih | pangeran arya | sigra ngingêr turanggi ||

61. anututi barise wong Kablitaran | pangeran asru angling | hèh wong kasultanan | padha sira nolèha | ingsun têtulung ing jurit | sêdhênge uga | padha ngamuk Kumpêni ||

62. tan sumaur punggawa ing kasultanan | samya lumayu gêndring | Pangeran Balitar | asru ingundhamana | pagene nora abali | paman Balitar | wong pantês kinabiri ||

63. mêngko ana wong tuwa dak dhadhung dhawak | apa asile uni | angrêbut kadhatyan | datan kêndêl apêrang | amungsuh bala Kumpêni | akarya pokal | nora ngêntasi kardi ||

64. milanipun kangjêng rama panêmbahan | kesah saking nagari | anglabuhi paman | mêngko tilar galanggang | pangeran arya wus bali | nêmpuh ing yuda | anrêgakên kang baris ||

65. jêng pangeran binendrongan ing sanjata | mimis kadya garimis | sira jêng pangeran | datan arsa mundura | panêmbahan aningali | lamun kang putra | rinêbut ing ajurit ||

66. Panêmbahan Purbaya tulung ing yuda | sumahab ingkang abdi | wadyèng Kapurbayan | langkung sudirèng rana | Walandi tan ana gingsir | rame kang yuda | sami rok silih ukih ||

67. wong Kapurbayan tinindhihan gustinya | samya tan nêdya urip | angamuk manêngah | kang tinêmpuh gya bubar |

--- 20 : 6 ---

Kumpêni kathah ngêmasi | wadyèng Mataram | akathah ingkang kanin ||

68. sanalika Kumpêni mundur sadaya | wus tinata kang baris | wadya panêmbahan | ingurugan gurnada | akathah kang kêni mimis | para nayaka | sumyur malaywa wingwrin ||

69. long-linongan pêpati mungsuh lan rowang | punggawa ing Matawis | binendrong sanjata | datan môngga puliha | Panêmbahan Purbayèki | kèsisan bala | sigra mundur tumuli ||

70. wong Kumpêni angêlud ing lampahira | kèndêl nèng Kaliajir | Sultan Panêmbahan | Kartasari wus prapta | nênggih asipêng salatri | enjing glis budhal | ing Kêdhu kang dèn jogi ||

71. Adipati Mangkupraja enjing prapta | kitha ing Kartasari | kalawan Walônda | sira Ratu Mangkurat | lawan ki pêngulu nênggih | ingkang kacandhak | nèng kitha Kartasari ||

72. ki pangulu sigra wau pinêdhangan | ginantung dèn bêdhili | anging nora pasah | dangu kinarya lesan | ki pangulu nora busik | ling Tuwan Amral | si pangulu dèn aglis ||

73. lêbokêna marang jroning prabayasa | wus ingobong tumuli | ki pangulu lina | Dipati Mangkupraja | lagi pirêmbagan sami | lan Tuwan Amral | amrih lampah kang manis ||

141. Dhandhanggula

1. kacarita sira Adipati | Mangkupraja lawan Tuwan Amral | ing kawan ratri lamine | rêrêp nèng Kartasantun | tansah arêrêmbagan sami | Dipati Mangkupraja | alon wuwusipun |

--- 20 : 7 ---

dhumatêng ing Tuwan Amral | alah dawêg tuwan pangeran puniki | ingungsir saparannya ||

2. Tuwan Amral asru dènirangling | apan ta boya wani manira | angungsira ing lampahe | Pangeran Purbayèku | de tan wontên timbalan aji | mung manira tinêdah | bêdhahe Matarum | apan mangke sampun pêcah | ing Mataram sayêkti manira mulih | tur uningèng narendra ||

3. karantên mungsuh dika puniki | apan ta dede wong Surabaya | Panêmbahan Purbayane | pan kadange sang prabu | lawan tunggal saibu sori | mila takut manira | gampil benjangipun | yèn prapta praja anarah | karsèng nata yèn manira kinèn bali | mring nagara Mataram ||

4. Pangran Purbaya kinèn angusir | yekti tan taha bali manira | Dipati Mangkuprajane | datan lêngganèng kayun | ing tyasira dahat derajrih | yèn suwala ing karsa | sigra dandan sampun | Amral lawan ki dipatya | sigra mangkat mantuk mring Kartasurèki | ya ta kang kawarnaa ||

5. sira Panêmbahan Purbayèki | lawan sultan neng Kêdhu samana | dènnya umadêg barise | wadyèng Kartasurèku | apan sami tugur abaris | Tumênggung Mangkuyuda | nèng Cathak gènipun | abaris lan arinira | Ki Tumênggung Natayuda wus ginitik | mring kangjêng panêmbahan ||

6. apan kawon Ki Mangkuyudèki | Mangkuyuda tatu pupu kiwa | mundur wong Kêdhu barise | gunung Gajah Binangun | gènnya kandhêg atata baris | sira

--- 20 : 8 ---

jêng panêmbahan | anglud barisipun | prangira Ki Mangkuyuda | kawon malih anulya baris ing Taji | lawan sawadyanira ||

7. panêmbahan barisira aglis | apan majêng marang gunung Gajah | nulya Ki Mangkuyudage | lawan Natayudèku | pan urunan mantri kêkalih | sami kinon asraha | wau panênungkul | dutanyaran Saradita | myang Sumawijaya nanging tan alami | panêmbahan miyarsa ||

8. ing pawarta lamun Amral mangkin | wus budhal mantuk mring Kartasura | panêmbahan tumulyage | mangkat saha wadyèku | wangsul dhatêng Mataram malih | samana angadhatyan | ing sawetanipun | Bacingah araning desa | Pamêrêsan bala ing Kartasurèki | kwèh kalajuk ing lampah ||

9. kang nênêlukakên desa sami | wangsule akathah pinêjahan | nèng desa Pamêrêsane | sing sabrang Paragèku | wangsule kwèh nêmahi pati | wau ta Tuwan Amral | malih kang winuwus | lawan sira Adipatya | Mangkupraja wus praptèng Kartasurèki | Amral tumamèng pura ||

10. sampun cundhuk kalawan sang aji | Tuwan Amral sahatur pawarta | katur kabèh sasolahe | dahat tustha sang prabu | Tuwan Amral aturiraris | rayi paduka nata | malajêng mring Kêdhu | sabêdhahipun Mataram | nanging botên punika kawula ungsir | milajrih ambêrêga ||

11. dening kawula dèrèng atampi | parentah dalêm kinèn ngungsira | mila taksih kawakake | inggih [ing...]

--- 20 : 9 ---

[...gih] rayi sang prabu | lawan malih ing atur mami | yèn lulus sri narendra | mundhut karyèng ulun | nadyan dhumatêng ing pêjah | tan gumingsir ulun nglampahi karyaji | nging wontên ulun têdha ||

12. abdi dalêm pun Cakrajayèki | punika ulun suwun sang nata | wontêna apuntên natèng | têtêpa dadosipun | kanthi ulun sabaya pati | dene lamun wontêna | ing piawonipun | pun Cakrajaya kawula | kang nanggunga sarêng mirsa sri bupati | èmêng tyas tan ngandika ||

13. nuju Ki Dêmang Urawan nênggih | ingkang munggèng ngarsaning narendra | sigra matur myang sêmbahe | mila pun Amral purun | inggih nanggêl dhatêng pun patih | saking rêsik-rêsiknya | pun Cakrajayèku | dorane kang tur uninga | mring narendratur wong tan raharjèng galih | mila gusti pun Amral ||

14. purun matur dhumatêng narpati | dene ing nguni datan apisah | sanalika ing lampahe | Amral Cakrajayèku | apan sampun saeka kapti | ing tyas datan sumêlang | tunggil sabayantu | sang nata mirsa turira | Ki Urawan jawakêna turirèki | Amral mring sang narendra ||

15. lêga ing galih sri narapati | angandika sang nata mring Amral | hèh Amral ingsun ing mangke | apa karsanirèku | apan ingsun iya nuruti | iya ingsun apura | ing sadosanipun | ing mêngko Si Cakrajaya | Amral matur yèn makatên sang narpati | ulun anuwun lilah ||

16. kawula kesah sakêdhap [sa...]

--- 20 : 10 ---

[...kêdhap] gusti | inggih dhatêng nagri ing Samarang | inggih pun Cakrajayane | rèh antuk puntên prabu | pan ulun uculi pribadi | nênggih lampah kawula | gusti nuntên wangsul | sarêng lan pun Cakrajaya | sang natangling ya Amral ywa sira lami | nuli sira wangsula ||

17. Tuwan Amral sigra dènnya mijil | saking pura sigra dènnya budhal | dhatêng Samarang lampahe | wau ingkang winuwus | apan nguni wus dèn timbali | tiyang Kacakrajayan | mring Kartasurèku | pinundhut marang sang nata | dening mangke wus ingapura kya patih | dhatêng sri naranata ||

18. dadya wong Kacakrajayan sami | pinaringakên malih sadaya | kabêkta Amral lampahe | sigra umangkat gupuh | Tuwan Amral marang Samawis | sigêgên kang lumampah | wau kang winuwus | kang anèng nagri Mataram | Panêmbahan Purubaya lan kang rayi | ingkang wus madêg sultan ||

19. jênêngira wus umadêg malih | wong Mataram eca manahira | panêmbahan budhal age | saha punggawanipun | myang wadyalit madêg kang baris | punggawa kasultanan | sadaya tan kantun | sampun majêng barisira | praptèng desa ing Marêbung abêbiting | wadyabala Mataram ||

20. apan samya masang baluwarti | pra punggawa samya nglar jajahan | Tumênggung Jayabratane | tinanggênah ing pungkur | rumêksaa marang ing gusti | mring kangjêng panêmbahan | apan sakalangkung | dènira prayitnèng baya | Ki Tumênggung Sindurêja kang lumaris | mring Kêdhu nglar jajahan ||

21. Ki Tumênggung Wiranagarèki |

--- 20 : 11 ---

lawan Radèn Arya Danupaya | sampun angetan barise | nagri Kartasurèku | apan sampun kakêpung malih | têpis wiringnya rusak | wong Kartasurèku | prihatin malih manahnya | myang sang nata langkung sungkawa ing galih | wau kang kawarnaa ||

22. santana kang wus jinunjung linggih | kang nama Pangran Amangkubumya | sang nata wau karsane | apan ika tinuduh | angluruga sarowangnèki | sigra anuli mangkat | sing Kartasurèku | datan kawarna ing marga | lampahira Pangeran Amangkubumi | nèng Kamlathèn barisnya ||

23. tan kawarna wong Mataram prapti | sigra acampuh dènira yuda | kalangkung rame jurite | sami rok silih arug | sakalangkung sudiranèki | Pangeran Mangkubumya | wong Mataram wau | akathah longe kang pêjah | sangsayagêng pangeran barisirèki | nglumpukakên arahan ||

24. kacarita duk kalaning nguni | pangeran maksih duk alit mila | anèng ing desa Sanggunge | samana duk anandur | sêkar gambir ya ta amanggih | bêdhil mriyêm anakan | satunggil dinulu | asisik kadi taksaka | ingaran pun Tundhung Mungsuh kang abêdhil | ingkang kinarya yuda ||

25. mila bênggang kang wong ing Matawis | pun Tundhung Mungsuh kinarya yuda | dadya wong Kartasurane | samyasrêp manahipun | samya sagêd ngulari bukti | ing lêlakon samadya | dina têngahipun | wadyabala ing Mataram | wus tan cêlak wau ta ingkang winarni | sang prabu Kartasura ||

--- 20 : 12 ---

119. Ngabèi Tohjaya dipun timbali wangsul dhatêng Kartasura

26. karsanira sang nata nimbali | marang sira Ngabèi Tohjaya | arsa wikan ing warnane | lan gêgêmpalanipun | nagri Garsik kang tigang biting | pinundhut ing sang nata | karsaning sang prabu | pinaringakên samana | dhatêng sira Tumênggung Garêsik malih | punang duta gya mêsat ||

27. kawarnaa nagri Surawèsthi | sabên dina tansah ulah yuda | nèng desa Sêpanjang prange | Ngabèi Tohjayèku | ingkang ananggulang ing jurit | iya ingkang minôngka | gul-aguling pupuh | arame pan long-linongan | dènnya aprang amburu binuru sami | kasaru praptanira ||

28. duta nata praptèng Surawèsthi | animbali Ngabèi Tohjaya | tan antara gya angkate | dene wau kang kantun | sangêt angrês manahirèki | ing sapatilarira | Kyai Tohjayèku | sami alit manahira | ingkang kantun nèng pabarisan anuli | mundur mring Surabaya ||

29. wus mapan jro kitha Surawèsthi | bala Kumpêni sampun atata | wus rinakit mariyême | dening pangagêngipun | wong Walônda namanirèki | Kapitan Bèngsing ika | dènira atugur | akanthi tiyang Madura | winatawis gêgaman sèwu prajurit | kang jaga Surabaya ||

30. kawarnaa Ki Tohjaya prapti | Kartasura lajêng ingandikan | mring pura praptèng ngarsane | sang nata pan kalangkung | suka miyat [miya...]

--- 20 : 13 ---

[...t] mring Ki Ngabèi | Tohjaya ingkang prapta | warna nom abagus | agagah tur ambêk sura | angandika sang nata hèh Tohjayèki | lah pira baturira ||

31. kang liningan aturira aris | paduka nata abdi narendra | pan wolung dasa kathahe | sapalih tiyang Wangsul | kang sapalih têtiyang Jawi | langkung suka sang nata | pinatêdhan sampun | sabuk wastra myang rasukan | lan sanjata sèkêt paringanirèki | kawan êtong obatnya ||

32. angandika malih sri bupati | hèh Tohjaya lah tunggunên ingwang | sira bocah ingsun dhewe | goningsun anênêmu | kang liningan saha wotsari | langkung dening mangrêpa | anulya tinuduh- | akên pondhok kadipatyan | sawadyanya wau ta ingkang winarni | Ki Arya Japuspita ||

33. ing sapêjahe arinirèki | kang anama Panji Kartayuda | sakalangkung sungkawane | nulya ri kang jêjuluk | Adipati Natapurèki | samana tinimbalan | kang amagut mungsuh | kang baris anèng Sapanjang | Dipati Natapura wus budhal aglis | tinimbalan ing raka ||

34. praptane linajêngakên aglis | anglurug dhatêng ing Kartasura | bêkta wong pilihan bae | kathahe pitung atus | Adipati Natapurèki | langkung duka ing nala | pêjahe rinipun | kang nama Ki Kartayuda | ingkang dadya runtikira sang dipati | sigra budhal sing Japan ||

35. angirid wadya môncanagari | sigra prapta desa Sokawatya |

--- 20 : 14 ---

lajêng angidul lampahe | anjog ing Picis wau | lampahira Surèngranèki | desa Ngarès kinarya | bêbarisanipun | anulya sira utusan | mring Mataram ngaturi uninga maring | Panêmbahan Purbaya ||

36. sakalangkung tusthanirèng galih | panêmbahan sigra tinariman | Apanjya Surèngranane | mring panêmbahan wau | kang kinarya ganjaran nênggih | Mas Ayu Tiksnasêkar | langkung sukanipun | sira Panji Surèngrana | sakalintang agênge tyasira mangkin | Dipati Natapura ||

37. dhasare mêncul alit milèki | bature wus sami ingundhangan | kinèn ambêbahak kabèh | ing têpis iringipun | desaning wong Kartasurèki | kang bang wetan sadaya | binahakan sampun | ênêngêna Ki Apanjya | Surèngrana Tuwan Amral kang winarni | sampun praptèng Samarang ||

38. tumênggung Cakrajaya siraglis | inguculan dhatêng Tuwan Amral | wus luwar saking gêdhonge | langkung suka tyasipun | sigra dandan sira ki patih | tumbas wong anggêganjar | myang gêgajih wau | tuwin sagung pra dipatya | pan sadaya sami ngaturi prajurit | dhumatêng ki apatya ||

39. nanging dènnya ngaturi prajurit | sami sinambutakên kewala | pan samya mirsa wartane | yèn wong Kartasurèku | sumyur apan kêdhik kang kari | mila Ki Cakrajaya | pradandanan wau | anèng nagri ing Samarang | wus ngalumpuk gènira mêpêk prajurit | kathahipun sanambang ||

40. binusanan ingkang

--- 20 : 15 ---

tulya asri | abra asinang yèn tiningalan | myang punggawa pasisire | sadaya sampun rawuh | pêpak anèng nagri Samawis | nanging ingkang bang wetan | ingkang dèrèng rawuh | mila dèrèng wontên prapta | kang makewuh Pangeran Arya Matawis | praptanirèng Santênan ||

41. apan sumêdya jumênêng aji | Susunan Kuning kêkasihira | para putra sakathahe | sadaya wus lumaju | dènira nglar jajahan sami | Radèn Suryataruna | myang Dyan Singasantun | lan Radèn Jayapuspita | miwah sagung para ingkang mantu sami | gêcak môncanagara ||

42. Japantên Kudus Dêmak prasami | tumut minggah dhatêng Kartasura | kang lyan punika sakèhe | samya ngaliman wau | miwah sira Dipati Pathi | wus sinung ujar wadya | dhatêng Ki Tumênggung | Cakrajaya miwah Amral | wus asung buk mring Mangunonêng ing Pathi | pan kinèn angipuka ||

43. dhatêng Pangeran Arya Matawis | Mangunonêng dahat sumawita | kawarnaa ing lampahe | Amral umangkat sampun | saking pan nagari Samawis | lan Patih Cakrajaya | myang para tumênggung | pasisir kang sapangiwa | kang panêngên mung ing Kudus kang umiring | Dêmak lawan Japara ||

44. lampahira tan kawarnèng margi | sampun prapta nagri Kartasura | dadya tontonan lampahe | abra sinang dinulu | gêgamane kiyai patih | kala wêktu punika | wong Kartasurèku | ingkang ajêjêr punggawa | apan kêdhik samana ingkang angiring | kêkathahe tri dasa ||

45. sapraptane

--- 20 : 16 ---

Ki Cakrajayèki | ing nagri Kartasura myang Amral | lajêng tumamèng purage | praptaning ngarsa prabu | Cakrajaya ika anangis | saha nungkêmi pada | panangise asru | asambat kadya wanodya | panangise sang nata kang sampun lalis | sinambat ing karuna ||

46. sang nata langkung onêng ing galih | asmu waspa dènira umulat | mring Cakrajaya tangise | Tuwan Amral kalangkung | suka ing tyas miyat ing patih | wus carêm lan sang nata | Amral aris matur | lah gusti wontên punapa | abdi dalêm pun Cakrajaya ing mangkin | sumôngga pêjahana ||

47. apan datan suwala ing kapti | lan malih gusti atur kawula | sampun anggêga nah anggèr | atur ingkang tan tuhu | pun Tumênggung Cakrajayèki | lamun yêkti awona | yêkti ulun matur | atur uning ing narendra | linging nata Amral ya bênêr sirèki | lah wakane mondhoka ||

48. anèng kadipatèn bae dhingin | sun watara mêngko umahira | wakane bangêt rusake | dene lawas asuwung | ki apatih umatur aris | anuhun duka nata | pun Cakrajayèku | yèn wontên lilah paduka | lêng mantuka dhatêng ing pagriyan mami | darapon abdi nata ||

49. têtiyang Kartasura kang alit | sami atêtêpa ingkang manah | puruna mantuk wismane | kang têbih lan puragung | ingkang sami ajrih ngênggèni | dhatêng pagriyanira | puruna umantuk | nagari dalêm punika | Kartasuntên sampun katingalan sêpi |

--- 20 : 17 ---

Amral alon lingira ||

50. lêrês aturipun pun apatih | ya ta linilan Ki Cakrajaya | mantuk mring wismane dhewe | sigra umadêg sampun | Cakrajaya saking jro puri | kalawan Tuwan Amral | samana winuwus | sakwèh wadyèng Kartasura | sami têtêp ing manah umantuk sami | maring ing wismanira ||

51. kang angili apan sami prapti | dadya nagara ing Kartasura | sampun kathah têtiyange | dina Soma winuwus | Ki Tumênggung Cakrajayèki | nênggih pinaring aran | minggah namanipun | apan sampun ingaranan | Adipati Danurêja amantêsi | dêdêg lan warnanira ||

52. dêning priyayi Kartasurèki | ingkang maksih sugih dasihira | amung Pangran Panulare | kawan atus wadyèku | apan sami andêl ing jurit | mila ingêla-êla | mring Amral myang prabu | sarta pinundhut kang putra | mring sang nata anênggih namanirèki | Radèn Suryadiningrat ||

53. apan wus kinarya senapati | linalopa busanadi mulya | miwah boga myang dadare | mangkana sang aprabu | sakalangkung dènnya mintasih | dhatêng Pangeran Arya | Panular ginunggung | dadya eca ingkang manah | sri narendra wus apirêmbagan sami | arsa banjêl ing rana ||

54. ing Marêbung arsa dèn bantoni | kawarnaa Kyai Mangkuyuda | matur yèn kasor jurite | ya ta ingkang tinuduh | ambantoni yudanirèki | Tumênggung Mangkuyuda | kang baris ing Kêdhu | bupati pasisir kilyan | pan têtiga Tumênggung

--- 20 : 18 ---

Malang anênggih | Barêbês lan Têtêgal ||

55. dene ingkang kinarya têtindhih | Kiyai Arya Mandurarêja | sigra umangkat lampahe | ingkang bantu mring Kêdhu | ya ta ingkang tinuduh malih | Tumênggung Jasudarga | kinèn gya lumaku | mring Bagêlèn lampahira | lan Kyai Kandhuruan Wilatiktèki | kalih pan sarêng mangkat ||

56. Ki Dipati Danurêja nênggih | lawan Amral apan sampun budhal | sing nagri Kartasurane | lawan sawadyanipun | Adipati Mangkuprajèki | apan anunggil lampah | sarêng budhalipun | wong pasisir kang binêkta | Adipati Citrasoma lawan malih | Dipati Jayaningrat ||

57. ika tan pisah lawan ki patih | miwah Rahadèn Suryadiningrat | apan wus budhal lampahe | saking Kartasurèsuk | mêdal wetan gunung Marapi | ngirid wadya arahan | ing sakathahipun | sumêdya anjog ing Soca | anèng Sêlap arame dènira jurit | wadya kidul kawênang ||

58. kang miyos wetan rame ajurit | nèng Waluyu lan ing Jatisêkar | wong Surabaya mungsuhe | Tuwan Amral wus kumpul | ing Tambêlang lan ki apatih | mantri ingkang pangarsa | apan sampun campuh | arame dènira yuda | long-linongan kang miyos Kêdhu winarni | Bagêlèn sampun aprang ||

59. apan kasêsêr wadyèng Matawis | balanya Panêmbahan Purbaya | kang anèng ing Toyamase | kang nama Ki Tumênggung | Martasura kawon ajurit | ngumpul marang [ma...]

--- 20 : 19 ---

[...rang] Mataram | kang anèng ing Kêdhu | Ki Tumênggung Sindurêja | apan sampun kawon dènira ajurit | Bagêlèn kapalajar ||

60. samya ngungsi dhatêng ing Matawis | dening Tumênggung Jayasudarga | wus angancik ing Bagêlèn | de kang marang ing Kêdhu | sirarya Mandurarêjèki | ing Kêdhu wus ngancikan | Tuwan Amral sampun | prapta ing Marêbung sira | apan lagya yun-ayunan wong Kumpêni | arêpak barisira ||

61. masang ulur wus samya miranti | baluwartine sampun malatar | campuh prang mariyèm bae | wadyabala Matarum | karya jugang sadaya sami | amung jêng panêmbahan | wau karya panggung | lan kang putra jêng pangeran | yèn anjêjênêngi campuh ing ajurit | minggah ing pêpanggungan ||

62. miwah Tumênggung Jayabratèki | inggih sami minggah pêpanggungan | lamun jênêngi jurite | Kandhuruan winuwus | kang anèng Bagêlèn anênggih | angumpulakên ajar | wêwasi pêputhut | samya kinèn anjêjôngka | ing lampahe pangran kalih atanapi | wêkasan padamêlan ||

63. Ki Kandhuruan karsanirèki | yèn wontêna ajar wasi jôngka | Pangeran Arya luluse | umadêgira ratu | kados arsa amalih kapti | saking byat trêsnanira | nanging sagungipun | ajar tan wontên mêthèka | basukine malah ajar kabèh sami | ambatang bar lêlahan ||

64. nanging ta ingkang wayah ing benjing | Kangjêng Panêmbahan Purubaya | punika kang madêg rajèng | umadêgipun ratu |

--- 20 : 20 ---

Ngadipala puranirèki | langkung sangsaranira | ri kang purwanipun | wasana luhur kalintang | anglangkungi ing sama-samaning aji | umadêg adilira ||

65. Kandhuruan utusan tumuli | dhatêng Marêbung adhêdhêmitan | datan kawarna lampahe | wus prapta ing Marêbung | sampun katur kang duta prapti | dhatêng ing panêmbahan | tinimbalan sampun | punang carakatur surat | wus tinampan saksana tinupiksani | bêbukaning pustaka ||

66. kamipurun gusti ingkang abdi | pun Kandhuruan ing Wilatikta | atur wuninga wiyose | saking pangowêl ulun | mring paduka gusti manawi | anggèr kaparèng tiwas | gèn paduka mangun | jurit munggwing adilaga | dening ingkang pangulatan kula gusti | mênggah rayi paduka ||

67. gèn madêg sultan angrèh nagari | datan tulus pan jênênging nata | lêbar lêlahan benjinge | nadyana Jawa suyud | andarbea yutan prajurit | anggèr rayi paduka | sayêkti tan tulus | gènipun umadêg sultan | apan sampun gusti karsaning Hyang Widi | rayinta Pangran Blitar ||

68. tan linilan umadêg narpati | dening ing benjing kang madêg nata | wayah paduka ing têmbe | pasthi jumênêng ratu | ing sawingking paduka gusti | gènipun madêg nata | pangadhatonipun | winastan ing Adipala | wayah tuwan wiwitan kawêlasasih | pangadêgipun nata ||

69. wêkasanipun benjing nglangkungi | kinaot sêsaminipun nata | sawidak warsa jênênge |

--- 20 : 21 ---

wayah tuwan ing besuk | panjênênganipun narpati | Panêmbahan Purbaya | kampita ing kalbu | sigra wau tinimbalan | Ki Tumênggung Wiranagara siraglis | sampun prapta ing ngarsa ||

70. Wiranagara ika tinari | kaya priye mêngko karsanira | ing rasane layang kiye | umatur awotsantun | Tumênggung Wiranagarèki | môngsa borong paduka | ing pandugi ulun | arsa ulun tampènana | ing pênêde Kandhuruan turirèki | dene mêngsah paduka ||

71. bilih paduka ngiris-irisi | ing tyas paduka jêng panêmbahan | yèn katampèndah awone | dening duk ing karuhun | pun Kandhuruan langkung asih | dhatêng jêng panêmbahan | mila èwêdipun | gusti ing manah kawula | pan sumôngga ing karsa paduka gusti | panêmbahan ngandika ||

72. iya uwis Wiranagarèki | apa alane ing anarima | nging sira golèka bae | wong kang mangêrti ujum | miwah ramal undangên aglis | iya mring ngarsaningwang | sun timbange iku | lan ature Kandhuruan | duk samana nuju Ki Wiranagari | adarbe pasanakan ||

73. patinggi Palar wong sanaknèki | sigra wau nuli tinimbalan | praptèng ngarsane gustine | panêmbahan ris muwus | hèh pêtinggi Palar sirèki | sun pundhut pêjah gêsang | sira dèn satuhu | sira matura maringwang | dèn sayêkti aywa sira asmu ajrih | nuhun-nuhun turira ||

74. Ki Tumênggung Wiranagara ngling | hèh uwakane [u...]

--- 20 : 22 ---

[...wakane] patinggi sira | lah sira matura age | ywa kêkêlir umatur | aywa sira awêdi-wêdi | balik yèn tan matura | bilai sirèku | patinggi gya aturira | abdi dalêm nah ing anggèr pun patinggi | nuhun atur têtêkan ||

75. saking paningal kawula gusti | ari paduka Pangran Balitar | tan dados nata yêktose | yèn umadêga ratu | tan linilan dening Hyang Widi | ing watawis kawula | ing Kartasurèku | sanadyan anggèr kantuna | saub payung ing tingal kawula gusti | tan bêdhah de paduka ||

76. myang arinta sapunika malih | inggih tan bêdhah ing Kartasura | mugi ta ing benjing têmbe | sawingking tuwan besuk | ingkang pasthi umadêg aji | inggih wayah paduka | panjênênganipun | ngadhaton ing Adipala | kilèn lèpèn Sêmanggi pêcanewêcane. benjing | sangsaya karatonnya ||

77. nanging purwane kewala benjing | sangsayane ingkang panjênêngan | wayah paduka ing têmbe | dening wusananipun | apan madêg nata dibyadi | nêtêpi adiling Hyang | tuhuning pinunjul | ing sasama-sama nata | tanah sabrang tan ana kang nyênyamèni | jênênge wayah tuwan ||

78. panêmbahan kêmba srênging galih | rèhing mangun kêkahing ayuda | dyan kawarnaa lampahe | wadya Kumpêni wau | pabitingan wus amrêpêki | samana Tuwan Amral | masanggrahan sampun | ing pasar Malinjon sira | lawan Adipati Danurêja nênggih | Dipati Mangkupraja ||

79. anèng êlor [ê...]

--- 20 : 23 ---

[...lor] dènira abaris | kalih Ki Dipati Citrasoma | myang Dipati Janingrate | dening kang anèng kidul | ki tumênggung ngadêg kang baris | wus dangu bêbêdhilan | sabên dinanipun | tan pêgat dènnya ayuda | pabitingan kalamun sira dèn rampid | Kumpêni katadhahan ||

80. ing papan pakèwêd anglangkungi | dahat tan kêna pinrih ing yuda | wong Kumpêni gya undure | kawon prang rampidipun | pan sinurak saking jro biting | wong Kumpêni akathah | kang anandhang tatu | Ki Tumênggung Jayabrata | anèng panggung suka dènira ningali | angguguk guyunira ||

81. dening mulat ing bala Kumpêni | asangêt wingwrin palayunira | ing kakang dadya guyune | tiyang Kartasurèku | kathah mirsa guyunirèki | Tumênggung Jayabrata | samya ngalêm kalbu | kawarnaa wus alama | kinêpung ing Kumpêni bitingirèki | Panêmbahan Purbaya ||

82. samana watawis astha sasi | wong Kumpêni ing pangêpungira | panêmbahan bitingane | mangkana ta winuwus | panêmbahan akarsa mangkin | kondur dhatêng Mataram | kang putra tinuduh | atêngga ing pabitingan | Pangran Arya Panêmbahan budhal aglis | mring nagri Ngaksigônda ||

83. aminta gilir marang kang rayi | kangjêng sultan tan kawarnèng marga | panêmbahan gya lampahe | prapta ing Kartasantun | wus acundhuk lawan kang rayi | sultan wus parêmbagan | dènnyarsa lumaku | anggiliri ingkang raka | apan sampun sira siyaga ngajurit |

--- 20 : 24 ---

punggawa kasultanan ||

84. samêkta sasikêpaning jurit | busananira awarna-warna | abra sinang ujwalane | pangran arya winuwus | maksih kantun atêngga biting | punggawa Kartasura | wus mirsa wartèku | tuwin sira Tuwan Amral | sampun ingaturan uninga ing mangkin | panêmbahan wus budhal ||

85. inggih dhatêng nagari Matawis | glis ginitik ingkang pabitingan | bala Kumpêni tandange | apan sami anggrêgut | dènnya sami angrampit biting | sira pangeran arya | apan ta sampun wruh | wadyanya prasamya ngatag | asanega sigra campuh punang jurit | pangran nitihi wadya ||

86. myang Ki Tumênggung Jayabratèki | samya jênêngi nèng pêpanggungan | langkung arame jurite | bala Kumpêni grêgut | myang Makasar lawan wong Bugis | kang biting mèh kunggahan | atingal sing luhur | biting dhatêng pangran arya | yèn bitinge mèh kunggahan ing Kumpêni | pangran arya gya têdhak ||

87. saking ing pêpanggungan siraglis | karsa ngawaki jurit priyôngga | nrêgakên balanirage | myang sira Ki Tumênggung | Jayabrata sarêng nindhihi | dènnya magut ayuda | wong Kumpêni sampun | mundur dènira ngayuda | wong Walônda apan akathah kang mati | tumpês sakumpêninya ||

88. wong Kartasura lan wong pasisir | punggawanya gya mundur sadaya | wong Mataram pan wruh kabèh | yèn mungsuhnya lumayu | gya sinurak saking jro biting | apan wus kinêthokan |

--- 20 : 25 ---

Kumpêni kang lampus | nênggih utamangganira | apapan sami winot ing karanjang aglis |Lebih satu suku kata: apan sami winot ing karanjang aglis. ingaturkên kang rama ||

89. rama kalih dahat sukèng galih | kangjêng sultan lawan panêmbahan | wruh murdaning Walôndakèh | Danurêja winuwus | lan Dipati Mangkuprajèki | glis praptèng pasanggrahan | pirêmbagan sampun | lawan sagung pra punggawa | Kya Dipati Danurêja angling aris | kadospundi ing karsa ||

90. ing sakèh pra niyaka puniki | rèhning mungsuh mangkya anèng marga | sawetan Picis ênggène | Natapura Tumênggung | pan akathah balanirèki | angrêridhu ing marga | nênggih rowangipun | wadyabala Surabaya | dadya wong pasisir wong Kartasurèki | kang anèng pabarisan ||

91. apan datan kêna wira-wiri | iya maring nagri Kartasura | tinumpês anèng margane | maring wong Surèngkewuh | balanira Natapurèki | apan ta sampun rusak | têpis iringipun | Kartasura kang bang wetan | apan lêbur mangke sami dèn bahaki | mring wonge Natapura ||

92. rina wêngi dènira angrampit | ya ta aturing para dipatya | yèn sêmbadèng karsa mangke | Ngabèi Tohjayèku | lêng sinuhun mring sri bupati | inggih winêdalêna | sing Kartasurèku | anggitika dhatêng mêngsah | Surèngrana kang karan Natapurèki | ywa bêbingungi lampah ||

93. ing sakèh pra bupati puniki | samya ajêng-ajêngan ayuda | tinarombol sing wurine |

--- 20 : 26 ---

dhatêng Natapurèku | sampun rêmbag Ki Adipati | Danurêja samana | gya Ariya Kudus | dinuta sigra umêsat | lampahira datan kawarna ing margi | prapta ing Kartasura ||

94. acundhuk lawan sri narapati | wus katur saatur-aturira | Dipati Danurêjane | andikannya sang prabu | Riya Kudus wruhanirèki | ing mêngko Si Tohjaya | lagya sun kon tunggu | marang panjênênganingwang | lan maninge ingsun durung duwe bêcik | iya mring Si Tohjaya ||

95. nuli sira adua ajurit | lah kaya ngapa pangrasaning wang | wong lagi sun pulut tyase | iya Si Tohjayèku | ewa mangkana iku mangkin | ingsun tarine uga | iya bocah ingsun | Si Tohjaya bokmanawa | lêga tyase ya ta nuli dèn timbali | Ki Tohjaya gya prapta ||

96. sapraptaning ngarsa awotsari | sri narendra aris angandika | hèh Tohjaya sira mangke | apan sira dèn jaluk | iya maring Si Adipati | Danurêja myang Amral | lan Mangkuprajèku | kang anjaluk marang sira | apa sira wani dèn adua jurit | lawan Si Natapura ||

97. Ki Tohjaya matur awotsari | yèn wontên pangandika sang nata | ananglêdi ing jurite | gih pun Natapurèku | atangkêba sakêthi sisih | prange pun Surèngrana | ulun dahat purun | pundi gènipun kapêndhak | apan purun kawula agênti kêris | lan malih abdi nata ||

--- 20 : 27 ---

98. sanak kawula kawan dasèki | myang têtêbusan kang kawan dasa | wolung dasa kalêmpake | punika sarêng lampus | lan kawula yèn manggih jurit | nglampahi karya nata | lawan malihipun | pun Natapura punika | watêkipun licik yèn amanggih jurit | arsantuk lumuh kêna ||

99. apan tan purun gitik-ginitik | ing ayuda arsantuk kewala | pun Natapura watêke | dadyawêl karya ulun | yèn ingoncatana ing jurit | nênggih pun Adipatya | Anatapurèku | sanès lawan kadangira | pun Jayapuspita pun Kartayudèki | lamun amangun yuda ||

100. purun gitik-ginitik ing jurit | dening ta gusti pun Surèngrana | dibya sing panyènyètane | suka gujêng sang prabu | mirsa aturira Ngabèi | Tohjaya sri narendra | angandika arum | iya bênêr aturira | nanging ingsun Tohjaya dahat kawatir | lamun sira pisaha ||

101. lan kancanira para dipati | hèh Arya Kudus sira waraha | ya Si Danurêja age | lan Si Mangkuprajèku | lan Si Amral warahên benjing | jaluk mring Si Tohjaya | dèn kanthia iku | raina wêngi ywa pisah | apan iku sayêkti kêkasih mami | yèn nêmên panjaluknya ||

102. aja dèn wèhi pisah ing benjing | iya kalawan sawadyanira | lan dèn karêksa pangane | nèng pabarisan bèsuk | dèning Si Tohjayèku ugi | durung aduwe pangan |

--- 20 : 28 ---

sayêktine iku | durung sun ganjar nagara | Ki Tohjaya ya ta pinaringan aglis | waos sulam de nata ||

103. ingkang asopal kancana rukmi | lan reyal kalih atus samana | Tohjaya pêparingane | Ki Tohjaya wotsantun | sampun kinon mangkat tumuli | lan Arya Kudus sigra | binêktanan sampun | sêrat dhatêng Tuwan Amral | tuwin mring Danurêja Mangkuprajèki | datan kawarnèng marga ||

104. ing Marêbung apan sampun prapti | Tohjaya lan Arya Jasantika | Dipati Danurêjane | lan Ki Mangkuprajèku | lagya apagunêman sami | nèng pakuwonnya Amral | kasaru duk rawuh | Tohjaya lawan Ki Arya | mundhi sêrat sinungkên Amral siraglis | sêrat wus katupiksa ||

105. ri sampunira amaos tulis | Tuwan Amral alon wuwusira | mring Ngabèi Tohjayane | hèh ngabèi sirèku | dhapêt untung bêsar ing mangkin | sang sinuhun kalintang | asih mring sirèku | Ki Dipati Danurêja | langkung suka ing galih pamiyarsèki | yèn Ngabèi Tohjaya ||

106. dahat sinihan de sang narpati | pinaring kêris kalawan tumbak | pan sami kalêbèng buke | nahan Danurêjèku | ing Têmbayat ingkang winarni | samana taksih bôngga | apan taksih tumut | Panêmbahan Purubaya | sigra kinèn mangke gitika tumuli | mring Dyan Natawijaya ||

--- 20 : 29 ---

120. Kraman ing Têmbayat, Pangeran Arya Mataram ingkang jumênêng Sunan Kuning, dipun sedani wontên ing Japara

107. kalawan Ngabèi Tohjayèki | ika lampahe kang tinindhihan | mring Dyan Natawijayane | prapta Têmbayat sampun | pan arame dènira jurit | sagung para pangeran | angawaki pupuh | dadya kukuh yudanira | wong Têmbayat sigra Kyai Tohjayèki | têdhak saking turôngga ||

108. gya angamuk sawadyanirèki | wong Têmbayat suh sirna malaywa | samya ngungsi wuri kabèh | mêmpên sarowangipun | saha masang kalantakaglis | jêjênêngipun sultan | nênggih namanipun | Radèn Arya Danupaya | sêdya ngamuk lawan Pangeran Sumêndhi | myang Pangran Wôngsadriya ||

109. nulya Ki Ngabèi Tohjayèki | mangsah ngrana apan binêdhilan | ing kalantaka tandange | tan gingsir dènnya ngamuk | sigra jinangkahan siraglis | kalantaka rinêbat | ginitikan gupuh | mring kang masang kalantaka | kêna dhase kapisanan sampun mati | lajêng mawur sadaya ||

110. wong Têmbayat sami ngungsi masjid | dèn êlut marang Kyai Tohjaya | ya ta pra dipati kabèh | wruh yèn Tohjaya ngamuk | yitnaning kang pra punggawèki | yèn Tohjaya tiwasa | tan sarêng ing laku | lawan kang para dipatya | yêkti sangêt dukanira sri bupati | dene kêkasih nata ||

111. sigra punggawa sami ngawaki | anusul kapêthuk anèng marga |

--- 20 : 30 ---

Ki Tohjaya ing wangsule | lir singa tandangipun | sami gawok kang nêningali | Radèn Natawijaya | lingirasung pemut | adhi Ngabèi Tohjaya | atur kula bok sampun kapati-pati | adhi wruha andika ||

112. nênggih mêngsah andika puniki | mungguha ing nagari bang wetan | kadya ing Giri samine | pan trahing wali tuhu | Ki Ngabèi Tohjaya aglis | cangkelak wangsul sira | mêndhak nglataripun | ing masjid sigra anêmbah | wali-wali ping satus panêmbahnèki | Radèn Natawijaya ||

113. sarwi gumuyu latah dènnyangling | punapa adhi karane ika | anêmbah ing masigite | kang tinanyan lon matur | inggih radèn karane mami | masigit kula sêmbah | dening mêngsah wau | ing masigit pangungsènnya | yèn sêdyaa kawula wau mêjahi | yêkti tumpês sadaya ||

114. nanging sami kawula gitiki | sakathahe têtiyang Têmbayat | bokmanawi pangerane | wau tumut kagêbug | mila aglis kula mangsuli | wali-wali anêmbah | watawis ping satus | sagunging para punggawa | sami latah ningali polahirèki | Kya Ngabèi Tohjaya ||

115. wus sirna mêngsah Têmbayat mangkin | kang kantun sami nungkul sadaya | sagung kang pra punggawage | wangsul dhatêng Marêbung | lawan Amral sampun apanggih | miwah Ki Mangkupraja | myang Danurêjèku | langkung samya suka ing tyas | amiyarsa aturing para bupati | de Têmbayat wus bêdhah ||

116. ing Marêbung gya

--- 20 : 31 ---

ingangsêg aglis | winitawis dohe sapambalang | kalawan bêbitingane | sampun ing biting magut | ramening prang bêdhil-binêdhil | wadyabala Mataram | pamarantinipun | samya malêbèng ing luwang | ênêngêna kang yuda kocapa malih | Arya Jayapuspita ||

117. nênggih dipati ing Surawèsthi | asangêt nandhang kêkêling sira | gya tinimbalan arine | nguni ingkang tinuduh | andon aprang sira Dipati | Natapura gya budhal | sawadyanirèku | saking Arès sampun mangkat | ingkang anèng ing Waluyu datan kari | tan kawarna ing marga ||

118. sampun prapta ing Japan nagari | sampun panggih kalawan kang raka | datan antara lamine | kang raka têkèng puput | panjênênganira Dipati | Jayapuspita lena | ing sapêjahipun | wong Bali pan sami bubar | amung kantun Dipati Natapurèki | kang sami ginendholan ||

119. marang sakèhe wong Surawèsthi | sakantune wadyane kang raka | sampun ingayoman kabèh | kunêng ingkang winuwus | kangjêng sultan bubarirèki | saking ing Pamêrêsan | wau karsanipun | anggiliri ingkang raka | Panêmbahan Purbaya ngatêr ing margi | sampun akintun surat ||

120. nênggih dhatêng ing putranirèki | kang umadêg pangran adipatya | pangran arya duk ngunine | wau srat ungêlipun | kinèn bubarêna kang baris | sigra anulya bubar | wadya ing Matarum | biting Marêbung tinilar | kesahira rikalane madya ratri |

--- 20 : 32 ---

kang ngêpung tan uninga ||

121. kawarnaa lampahira enjing | sultan kapapag anèng ing marga | lan pangran arya lampahe | nèng desa Kêbonagung | tumut ngidul lampahirèki | sultan nunggil kang putra | minggah Gunungkidul | desa ing Sênêng wus prapta | mingêr ngetan Pangongangan dèn langkungi | anjog Wulu lampahnya ||

122. nulya angalèr nabrang banawi | Patimbunan sampun kalangkungan | lumaris ngalèr lampahe | samana sampun rawuh | wetan Pamanyaran tumuli | ing Kaluhuran desa | samana wus kumpul | lan Panêmbahan Purbaya | lampahira kawarnaa ingkang kari | wadya ing Kartasura ||

123. apan sami angintip mring biting | katupiksa suwung mêngsahira | nyênyêt tan ana swarane | tan wontên wong kadulu | agya sira atur upaksi | marang Ki Danurêja | miwah Amral wau | kalangkung tustha ing nala | kalihira apan wus kinèn anitik | palayunya mangetan ||

124. sigra anulya sami ingungsir | lampahira sultan panêmbahan | marang wong Kartasurane | sampun umangkat gupuh | panêmbahan sultaniraglis | sing wetan Pamanyaran | Wiraka anikung | ngalèr anjog ing Kaduwang | lampahira ing Pamagêtan wus prapti | rêrêb sawadyanira ||

125. sira Mral Britman nusul tumuli | lawan Ki Apatih Danurêja | myang Patih Mangkuprajane | kacandhak lampahipun | Panêmbahan Sultan ing nguni | nèng nagri Pamagêtan |

--- 20 : 33 ---

gènira kasusul | Panêmbahan Hèrucakra | duk samana wus nunggil dados sawiji | duk Nglaroh panusulnya ||

126. apan samana nulya ginitik | Panêmbahan Sultan marang Amral | datan adangu jurite | wus kawon juritipun | panêmbahan lumaywa malih | angungsi wetan agya | kandhêg ing Madiun | nulya sami akêkutha | nèng Madiun ênêngêna pangran katri | Amral kang kawarnaa ||

127. apan agya pagunêman sami | lawan Adipati Danurêja | tuwin kang Mangkuprajane | arêmbag sami mundur | dhatêng nagri Kartasurèki | dene ingkang tinilar | wau rêmbagipun | Radèn Arya Pringgalaya | lan Radèn Tumênggung Natawijayèki | têtindhihing ayuda ||

128. myang sakèhe punggawa pasisir | amung Ki Dipati Citrasoma | pinijig binêkta mulèh | dhatêng Kartasurèku | lan kêkasih dalêm Ngabèi | Tohjaya kang binêkta | mring Kartasurèku | Amral Baritman wus budhal | ingkang kari wus sami atata baris | Amral kang kawarnaa ||

129. wus praptèng Kartasura nagari | apanggih lawan sri naranata | sang prabu langkung tusthane | Ngabèi Tohjayèku | wus ginanjar dhatêng narpati | nagari ing Lamongan | pan ganjaranipun | gya tinundhung mantuk sira | saha kinèn adandana ing ajurit | wau ta Tuwan Amral ||

130. andadosakên rêmbag ing nguni | Ki Danurêja kinèn utusan | mring nagri Santênan age |

--- 20 : 34 ---

Dipati Pathi wau | kinèn ngipuka dèn abangkit | dhatêng Kangjêng Pangeran | Arya ing Matarum | pangran kinèn ngaturana | mring Japara kinèn matur asêngadi | pakone Tuwan Amral ||

131. yèn benjing gènnya jinunjung aji | pangran anèng nagari Japara | têtêpa ing karatone | mangun prajangjinipun | anut lêlurine kang swargi | ingkang raka Susunan | Mangkurat ing dangu | prajanjian nèng Japara | apan Amral anuhun opah nagari | ing Dêmak lan Japara ||

132. katiga nagri ing Surawèsthi | sira Pangeran Arya Mataram | kalangkung moyog galihe | mirsa ing aturipun | Kyai Mangunonêng ing Pathi | jêng pangeran tan wikan | yèn kênèng glaripun | sigra budhal mring Japara | saha bala sira Kyai Adipati | tumut mring ing Japara ||

133. Tuwan Amral samana siraglis | budhal saking nagri Kartasura | kang binêkta ing lampahe | Kyai Citrasomèku | tan kawarna sira ing margi | prapta nagri Samarang | lajêng lampahipun | layar dhatêng ing Japara | Tuwan Amral ambêkta bala Kumpêni | lan Kyai Citrasoma ||

134. wau Pangeran Arya Matawis | sampun prapta nagri ing Japara | sigra Amral ing lampahe | praptèng Japara cundhuk | lawan Pangran Arya Matawis | Kumpêni pan kalintang | wau urmatipun | pangran nulya sinêgahan | ri sampuning eca kang galih anuli | pangeran ingaturan ||

135. ingaturan dhumatêng ing loji |

--- 20 : 35 ---

asangadi jinunjung narendra | pangran tan lêngganèng tyase | dening jro loji wau | apan sampun dipun rakiti | pangran sampun alênggah | gya cinêkêl gupuh | saputra myang mantunira | pan wêwolu kathahe wus dèn pêjahi | kalayan ingkang rama ||

136. dening anggènira amêjahi | Pangran Arya Mataram myang putra | nèng Japara pasisire | pan sinêngkalan wau | seda Pangran Arya Matawis | winasayèng sagara | obah kang wongipun |Sengkalan: winasayèng sagara obah kang wongipun (1645 A.J., 1720/1721 A.D.). Tuwan Amral sigra budhal | dhatêng nagri ing Kartasura tumuli | garwanira kang seda ||

137. binêkta mring Tuwan Amral aglis | minggah dhatêng nagri Kartasura | dene kang para putrane | nênggih kang sêpuh-sêpuh | apan sami dipun pêjahi | ingkang alit binêkta | mring Kartasurèku | miwah sêlir myang parêkan | wus binêkta sadaya tan ana kari | wus praptèng Kartasura ||

138. sampun katur dhatêng sri bupati | langkung suka wau sang narenadra | amirsa ing sasolahe | ing tyasirasmu êluh | Amral sigra arêmbug sami | angungsir dhatêng Sultan | Panêmbahan wau | saparane tinututan | sri narendra aglis utusan nimbali | mring Adipati Sampang ||

139. lawan anak Bei Tohjayèki | myang punggawa pasisir sadaya | bang wetan kinêrig kabèh | saha gêgamanipun | binêktaa mêdal ing jawi | pan kinon anggitika | nagari Madiun | ya ta sira Tuwan Amral | Britman arsa mêdala

--- 20 : 36 ---

ing Jagaragi | lan wadya Kartasura ||

140. lawan sira ki apatih kalih | Danurêja lawan Mangkupraja | nunggil lan Amral lampahe | dening nguni kang kantun | ingkang tinanggênah abaris | nèng nagri Kamagêtan | sami mangkat sampun | kinèn mêdal ing Gêgêlang | pan kakêpung nagari Madiun mangkin | de bupati bang wetan ||

141. apan kêrigan sadaya sami | dene kala pêrang Surabaya | barise wus bubar kabèh | milanya sadayèku | mangkya dadya kêrigan malih | pangeran ing Madura | pangiriding laku | saksana sarêng gya budhal | pra punggawa bang wetan datan kawarni | ing marga praptèng Jipang ||

142. sigra utusan sadaya sami | atur wikan dhatêng Ki Apatya | Danurêja myang sisihe | nênggih Mangkuprajèku | yèn pangeran ing Madurèki | myang kang para dipatya | bang wetan sadarum | Adipati Mangkupraja | lawan Amral sigra adandan tumuli | saksana sarêng budhal ||

143. umangkat saking Kartasurèki | gumuruh swaraning wadyabala | kadyabakingkadyambaking. samodrane | warna-warna kang tunggul | tuwin ingkang bala Kumpêni | asri yèn tiningalan | kathahipun sèwu | kang binêkta Tuwan Amral | anging sira Dipati Danurêjèki | pinundhut ing sang nata ||

144. apan kinèn atêngga nagari | dening têtindhihing barisira | Radyan Suryadiningrate | apan radyan puniku | putra Kapanularan nênggih | kang dadya senapatya | Amangkuprajèku | dene

--- 20 : 37 ---

Dyan Natawijaya | kalihira lan Radèn Pringgalayèki | maksih nèng pabarisan ||

145. lawan pasisir kang pangiwèki | wus ingutusan aprajangjian | sarêng mangkat panggêcêke | mring nagri ing Madiun | ya ta gantya ingkang winarni | Dipati Natapura | sampun budhal wau | saking nagara ing Japan | sêdyanira arsa ngumpula kang baris | mring Sultan Panêmbahan ||

121. Radèn Jimat putra ing Madura, ngêmpal dhatêng Sultan Ibnu Mustapa ing Madiun

146. wontên malih rowang sêdya nunggil | kacarita putra ing Madura | Rahadyan Jimat namane | kang binêkta karuhun | maring Dewa Kêtut Manguwi | lagyanyar inggatira | sing nagari Wangsul | kang aran Manguwi ika | kala minggat sarowangira tan kari | milane nuli kesah ||

147. dene Ki Kêtut cidra kang jangji | yèn den ajak bêdhah ing Madura | tansah nyêmayani bae | sira Ki Dewa Kêtut | Radèn Jimat kaku tyasnèki | milanya nuli kesah | saking Manguwiku | ing mangkya sira Dyan Jimat | sêdyanira arsa anunggila maring | Panêmbahan Purbaya ||

148. lampahira apan sampun prapti | ing nagari Madiun kalawan | Dipati Natapurane | praptanira wus cundhuk | lan Panêmbahan Sultan nênggih | langkung tusthaning driya | panêmbahan wau | miwah kang rayi jêng sultan | suka ing tyas punapane ingkang prapti | Dyan Jimat langkung tustha ||

149. myang pra bupati môncanagari | apan sampun akumpul [a...]

--- 20 : 38 ---

[...kumpul] sadaya | Dipati Natapurane | wus sinêdhahan sampun | karya dadyaning pamugari | salir ingkang prakara | kang tansah tinantun | mring sultan myang Panêmbahan | Purubaya datan lyan Natapurèki | tinantun salirira ||

150. Radyan Jimat wus ginanjar nênggih | èstri ayu Sultan Panêmbahan | wus agêng mangkya barise | samana nèng Madiun | tan antara sira tumuli | ngadêgkên pawatangan | ring dinanya Saptu | ya ta ingkang kawarnaa | dêdamêle wong Kartasura wus prapti | praja ing Jagaraga ||

151. miwah gêgaman ing Madurèki | desa ing Ngawi wus sami prapta | tuwin kang saking kidule | sampun prapta ing Tulung | parêng mangkat kang punang baris | nèng desa ing Kêkajang | gèn panggihan kumpul | myang barisnya Amral prapta | lan Mangkupraja kang saking kidul prapti | wus sami panggih sira ||

152. sigra Ki Natapura ngaturi | uninga mring Panêmbahan Sultan | yèn mêngsah agung praptane | saking lèr kidul rawuh | ngalêmpak lan barisirèki | Amral Britman punika | dahat dèniragung | dinulu tanpa wilangan | pirang pandêlêng punang baris ngêbêki | Madiun siringira ||

153. saking gênging dêdamêl puniki | Ki Adipati Anatapura | mangkana wau ature | yèn sêmbada pukulun | saking kathah mêngsah puniki | lêng sami miyosana | ing watawis ulun | botên sompok ing ayuda | dening sakathahe kang para bupati | sami kèlu sadaya ||

--- 20 : 39 ---

154. panêmbahan wus budhal tumuli | saking kitha ing Madiun sira | sêdya amagut jurite | nèng Pagagakan dhusun | sigra tata kang punang baris | anèng ing ara-ara | Pagagakan wau | asinang lamun sinawang | panêmbahan wus masanggrahan tumuli | enjing kang kawarnaa ||

155. Amral Baritman wus budhal aglis | myang sira Dipati Mangkupraja | miwah Pangeran Sampange | pra punggawa anggrêgut | sampun sami siyagèng jurit | wus tata barisira | wong Kumpêni wau | ingkang amunggèng ing dhadha | myang Bupati Kartasura miwah Adi- | pati Amangkupraja ||

156. dening sagung punggawa pasisir | punika ingkang dados pangawat | kang kiwa munggèng kerine | têngên nèng kananipun | sigra budhal kang punang baris | lir ardi kawêlagar | gêgaman lumaku | kangjêng sultan wus siyaga | wontên dening Panêmbahan Purbayèki | wau kang dados dhadha ||

157. dening kang dados pangawat keri | miwah kanan wong môncanagara | punggawa sampun pinalèh | Kyai Natapurèku | anindhihi pangawat keri | pan ingiring ing wadya- | bala Surèngkewuh | kang têngên Pangeran Jimat | kang nindhihi ingiring wong Madurèki | satus kèhe kang wadya ||

158. apan sami aprayitnèng wèsthi | kang minôngka wau kanthinira | êmbahan Hèrucakrane | nèng kanan sawadyèku | tan antara bala Kumpêni | aglis ing praptanira | ya ta sarêng dulu | mêngsah lawan rowangira | lajêng sami mungêl kang têngara nitir |

--- 20 : 40 ---

tan asêdya mundura ||

142. Durma

1. sigra campuh arame dènnya ayuda | bêdhil-binêdhil sami | sigra Adipatya | Natapura tumulya | angawêt barisirèki | gya anarajang | wadyabala pasisir ||

2. kang tinêmpuh sumyur tan môngga puliha | Pangran Jimat anuli | manêmpuh sira gya | barise wong Madura | arame dènira jurit | ingkang sanjata | bêdhil wus tanpa kardi ||

3. wong Kumpêni swarane pangêdrèlira | anglir rubuh kang langit | panêmbahan panggah | wau wadya Madura | angrok rinok silih ukih | padha Madura | balane sang dipati ||

4. ing Madura sadaya sami tumingal | mring Pangran Jimat nênggih | apan datan samar | kalamun gustinira | sigra lumayu awingwrin | katur ing raka | yèn ari magut jurit ||

5. langkung duka sira Pangeran Madura | mangsah anrêgkên dasih | sarwi ris ngandika | hèh sakèh wong Madura | si kacung cêkêlên aglis | ywa wêdi sira | nging wong Madura ajrih ||

6. samangsane cêlak lan Pangeran Jimat | wong Madura pan nolih | dadya ramya aprang | Angabèi Tohjaya | sigra mangsah marang ngarsi | sawadyanira | wong Lamongan angiring ||

7. gya anêmpuh barising môncanagara | kang tinarajang wingwrin | sumyur palayunya | ngungsi ring wurinira | Panêmbahan Purbayèki | bala Nglamongan | ngungsir palayunèki ||

8. Dipati Natapura kang tinarajang | barise wong pasisir |

--- 20 : 41 ---

wadyèng Surabaya | sarêng nêmpuh sumahab | ingkang tinarajang gusis | akathah pêjah | prange wadya pasisir ||

9. kang sawênèh akathah kang nandhang brana | wong pasisir wus gusis | ing palayunira | datan môngga puliha | ngungsi wurine Kumpêni | dènnya ayuda | upama rare cili ||

10. kalanya lêt-lêt aluwe akasukan | mangkana gènnya jurit | wau Panêmbahan | Purubaya kalintang | apêngkuh dènnya ajurit | gêgêr kewala | madyèng ranangganèki ||

11. bala Kumpêni akathaakathah. ingkang pêjah | Amral kewran ing ati | amicarèng nala | Panêmbahan Purbaya | iki mopo ing ajurit | paran têmahnya | Tuwan Amral siraglis ||

12. sigra mêpak sakèhing upêsirira | wus ngumpul sadayèki | sagung upêsirnya | mundhut mariyêm sigra | sampun tinata ing ngarsi | nulya pinasang | saking kadohan aglis ||

13. swaranira gumuruh lir guntur arga | sarta pra punggawèki | kinèn angumpula | wau dadi satunggal | pangawat wus dèn bubrahi | keri myang kanan | myang Pangran Madurèki ||

14. apan sampun anunggal dados saunggwan | Amral kawatirnèki | nênggih panêmbahan | bilih ngamuk ing yuda | sapa ta wani nadhahi | mila ngurugan | gurnat lan gutuk api ||

15. kang mariyêm tan pêgat dera amasang | wadya môncanagari | pan karoban lawan | anglolosi lumajar | ya ta kasaput ing wêngi | jêng panêmbahan |

--- 20 : 42 ---

tumulya kondur aglis ||

16. bala Kumpêni aglud alon lampahnya | dinulu kadya ngiring | ya ta panêmbahan | undure sampun prapta | ing kitha rêrêb sawêngi | kala samana | Kyai Mangkuprajèki ||

17. angaturiTanpa tanda pergantian bait. surat mring Dyan Ayu Rôngga | ungêle ingkang tulis | ngaturi mantuka | mring nagri Kartasura | sampun tumut-tumut ugi | dyan ayu dika | mring kang bôngga narpati ||

18. sampun tumut cèlèng bolotên andika | Dyan Ayu Rôngga nênggih | pakèwêd manahnya | dening nganti kang wayah | sampunnya rêrêb sawêngi | jêng panêmbahan | sultan budhal ing enjing ||

19. budhalira saking Madiun nagara | agya lampahirèki | pan ngidul angetan | ngambah ing Pranaraga | nulya makuwon sawêngi | araning desa | ingkang dèn pakuwoni ||

20. ing Kawêron wau kang bala Walônda | tan pêgat dènnya ngungsir | ananglêdi yuda | sakêdhap anèng marga | Panêmbahan Purbayèki | kagêngên lawan | kawon dènira jurit ||

21. lajêng ngetan lampahira panêmbahan | anjog nagri Kêdhiri | wadya Kartasura | tan pêgat pangêludnya | kawarnaa ingkang kari | Dyan Ayu Rôngga | Kaliwungu lan malih ||

22. ingkang wayah Ratu Mas kala timurnya | punika kang kinanthi | dupi bêdhahira | kitha Madiun ika | wanci surup ingkang rawi | jêng panêmbahan | ngetan lolosirèki ||

23. Radèn Ayu Rôngga Kaliwungu [Kaliwu...]

--- 20 : 43 ---

[...ngu] agya | ngilèn lampahirèki | tan kantun kang wayah | Ratu Mas duk timurnya | ingkang ambêkta rumiyin | Malang Sêmirang | Pamagêtan dèn ungsi ||

24. Dyan Ayu Rôngga Kaliwungu samana | kala angkatirèki | sarêng lan kang raka | Pangran Natakusuma | samya ngilèn sêdyanèki | watêking ratya | apisah anèng margi ||

25. Pangran Natakusuma rowangnya pisah | lawan putranirèki | nênggih kang anama | Dyan Asmarakusuma | ing Pancot ingkang dèn jogi | sapraptanira | Pancot priyayi kalih ||

26. malah sami dhinedhelan ing wong desa | sangêt kawêlasasih | wau kawarnaa | sira Dyan Ayu Rôngga | angilèn sêdya angungsi | mring Pamagêtan | sapraptaning nagari ||

27. wanci bêdhug tiga wau dhatêngira | Ratu Mas wus apanggih | myang Malang Sêmirang | nguni aran Gadhingan | samana sampun anunggil | Kangjêng Ratu Mas | kalawan ingkang nini ||

28. dening kang umiring mring Dyan Ayu Rôngga | Dyan Ayu Serang nênggih | lawan malih sira | Mas Ayu Garwakôndha | punika ingkang umiring | dhatêng Ratu Mas | jalêre kang winarni ||

29. pun Ônggalêksana lan pun Ônggamarta | pun Sêcalêgawèki | Mas Gindhi malihnya | lawan pun Ônggatruna | Ônggadiwôngsa lan malih | pun Rêksatruna | panakawan satunggil ||

30. pun Samad wastanipun kang panakawan | ri sampun mangkanèki | Radèn Sêminingrat | nitipakên samana | mring Dyan Ayu [A...]

--- 20 : 44 ---

[...yu] Rôngga nênggih | kang tinitipan | Rôngga ing wadhuk mangkin ||

31. gya binêkta dhatêng ing wadhuk samana | Dyan Ayu Rôngga nênggih | ing sapraptanira | ing wadhuk nulya prapta | dutanira Sang Dipati | Anjayaningrat | wastane kang tinuding ||

32. mantrinira aran Rôngga Tisnajaya | sigra binêkta aglis | mring punang utusan | dhatêng ing Pamagêtan | pan linajêngakên aglis | mring pabarisan | kang aran Pringsakêthi ||

33. kadhèrèkakên mring Dipati Janingrat | kalih sira Kiyai | Tumênggung Sidaywa | myang Kumpêni namanya | Lutnan Simun kang panitih | sapraptanira | wau ing Pringsakêthi ||

34. kasrah dhatêng mring Dipati Mangkupraja | lan Tuwan Amral nênggih | ri sampunnya kasrah | sigra Ki Adipatya | Mangkupraja animbali | mring Radèn Arya | Pringgalaya sung uning ||

35. nulya prapta Radèn Arya Pringgalaya | ing pakuwon Sang Adi- | pati Mangkupraja | nulya Dyan Ayu Rôngga | ya ta binêkta tumuli | mring pondhokira | Dyan Pringgalaya aglis ||

36. nanging pambêktanira Dyan Pringgalaya | tan tinêdhèng Kumpêni | dadya sira radyan | kasiku dhatêng Amral | malah pakuwonirèki | Dyan Pringgalaya | kinêpung prênahnèki ||

37. ri sampuning mangkana baris gêng ika | budhal sing Pringsakêthi | mring Madiun agya | dyan ayu pan kabêkta | mring sira Sang Adipati | Amangkupraja | sapraptaning nagari ||

38. ing Madiun kala ing dalu samana | wontên timbalan aji | saking

--- 20 : 45 ---

Kartasura | amundhut Jêng Ratu Mas | saha kang tumut umiring | kinèn bêktaa | ngantukêna kariyin ||

39. sakathahe kang tumut sami katawan | aywana ingkang kari | enjing kawarnaa | mangkat sing pabarisan | ingkang dinuta umiring | Rôngga Tohjiwa | lan kanthinipun malih ||

40. Ki Ngabèi Sutanagara Kaduwang | Ngabèi Warung katri | tan kawarnèng marga | sapraptaning nagara | ing Kartasura tumuli | lajêng ngandikan | mring nata manjing puri ||

122. Turunipun Surapati sami sowan dhatêng Panêmbahan Purubaya wontên ing Kadhiri

41. kawarnaa Panêmbahan Purubaya | kang anèng ing Kadhiri | lawan kangjêng sultan | wontên malih kocapa | putranira Surapati | miyarsa warta | yèn panêmbahan mangkin ||

42. lawan sultan anèng nagari ing Daha | sigra amêthuk sami | katiga sanaknya | namanira katiga | kang sêpuh ran Surapati | ingkang panênggak | ran Suradilagèki ||

43. kang pamêkas anama Ki Tirtanata | sapraptaning Kadhiri | wus panggih kalawan | Panêmbahan Purbaya | kalangkung samya tusthèki | sampun ginanjar | busana kang saryadi ||

44. tuwin arya katri kinulawisudha | wau ingkang winarni | dêdamêl ing Karta- | sura pan sampun prapta | wontên sakilèn bênawi | ing palabuhan | wus masanggrahan sami ||

45. Amral lawan sagunging para dipatya | nênggih [nêng...]

--- 20 : 46 ---

[...gih] samadya sasi | dènnya yun-ayunan | ing prang Amral Baritman | nuduh maring Ki Ngabèi | Nglamongan sira | kinèn nabrang banawi ||

46. nabrang ngetan kinèn miyos saking ngandhap | binêktanan Kumpêni | dening kang tinêdah | Kumpêni namanira | Kapitan Tonar anênggih | lawan Kapitan | Bonggol namanirèki ||

47. lan Kapitan Panbayi myang wong Makasar | Kapitan Buyung nênggih | ika kapalanya | lawan Lutnan Jêmbaran | sabalanira wong Bali | saksana budhal | ngandhap kang dèn sabrangi ||

48. ri sampunnya nabrang mangetan anulya | lajêng ngidul kang baris | ya ta panêmbahan | samana kagegeran | Dipati Natapurèki | lan Tirtanata | tinuduh anadhahi ||

49. Tirtanata arinira Surapatya | Amral miyarsa warti | yèn wus kalong sira | baris kang anèng Daha | sigra anabrang tumuli | pra punggawa Kar- | tasura myang Kumpêni ||

50. lajêng campuh arame dènira yuda | rok rinok silih ungkih | wong ing panêmbahan | têtindhihing ayuda | sira Radèn Surapati | lawan arinya | Dyan Suradilagèki ||

51. langkung rame wau dènira ayuda | nging wus karsaning Widi | Sultan Panêmbahan | kêdah apês yudanya | kasoran saliring jurit | Dyan Surapatya | wus kawon yudanèki ||

52. Adipati Natayuda kapalajar | wau dènira jurit | apan sampun bêdhah | nagari ing Mamênang | gya ingaturan tumuli | jêng panêmbahan | mring Radèn Surapati ||

--- 20 : 47 ---

53. ingaturan anjog nagari ing Malang | sakawonira nuli | nagri ing Mamênang | pan sampun ingancikan | dhatêng ing bala Kumpêni | pan sampun karya | loji anèng Kadhiri ||

54. Tuwan Amral lajêng dhatêng Surabaya | mêdal jawi nagari | wong môncanagara | sami nungkul sadaya | sowan mring Ki Adipati | Amangkupraja | Pangran Madiun nanging ||

55. umadêg malih mangkya ing barisira | katur mring Ki Dipati | Mangkupraja agya | kinèn anglurugana | Kya Mataun kang tinuding | ingkang lumampah | Madiun bêdhah malih ||

56. pangerane kacandhak sampun binônda | nulya katur tumuli | marang Kartasura | nanging datan alama | anulya dipun pêjahi | anèng kunjara | linawe pêjahnèki ||

57. kangjêng sultan têdhak malih saking Malang | karsa ngrêbat Kadhiri | lampahe wus prapta | dhusun ing Kapopongan | sigra pinêthuk tumuli | dening ing wadya | bala Kartasurèki ||

58. sakumpêni ingkang mêthuk kangjêng sultan | sumahab ing ajurit | anèng Kapopongan | gènnya campuh ing yuda | karoban lawan ing jurit | gya kondur sultan | ingungsir mring Kumpêni ||

59. mundurira sultan minggah gunung Antang | anjog ing Malang malih | wus wangsul samana | kang anglud lampahira | dhatêng ing Kadhiri malih | wus masanggrahan | wau ingkang winarni ||

60. Tuwan Amral prapta saking Surabaya | rêmbag angluda malih | dhatêng kangjêng sultan | sêdya ngrurah

--- 20 : 48 ---

ing Malang | wus mangkat saking Kadhiri | pan sinangkalan | kala angkatirèki ||

61. obahing sagara ratuning kang jagat |Sengkalan: obah sagara ratuning kang jagat (1646 A.J., 1721/1722 A.D.). ing taun Je anênggih | tan kawarnèng marga | bala ing Kartasura | wus prapta ing Lêbak mangkin | amasanggrahan | nulya wêwêlak prapti ||

62. wadya alit akathah gêring myang pêjah | sakite mutah mising | lamun winatara | wadyabala kang pêjah | satus ing sadinanèki | Amral gya budhal | ing Malang kang ginitik ||

63. tan adangu dènira prang Tuwan Amral | ing Malang wus kalindhih | bêdhahnya ing Malang | mêngsah mlayu sasaran | wong Kartasura nututi | kala samana | Tumênggung Sindurjèki ||

64. pan kacandhak anulya gya pinêjahan | murda pinocok aglis | kangjêng panêmbahan | kèngsêrira mangetan | jêng sultan ngidul angungsi | ngumpul sawadya | sira asmara kingkin ||

123. Pangeran Balitar inggih Sultan Ibnu Mustapa seda, sumare wontên ing Imagiri

143. Asmaradana

1. mangkana ingkang winarni | amangsuli ing carita | duk pêrang Pamadiune | kawonnya jêng panêmbahan | nagri Madiun bêdhah | samana ing lampahipun | Adipati Mangkupraja ||

2. mantuk mring Kartasurèki | anuhun Dyan Ayu Rôngga | nulya pinatêdhakake | tan kawarna paningkahnya | sawêdalnya sing pura | dyan ayu binêkta sampun | mring dalêm Kamangkuprajan ||

--- 20 : 49 ---

3. samana ingkang winarni | Jêng Ratu Mas tan kêna sah | lan eyang dahat lulute | pangandikaning sang nata | mring Radèn Ayu Rôngga | yèn makatêna puniku | lah bibi putu andika ||

4. têka dika bêkta bibi | nangging dèn pênêd kewala | ing sapambaurêksane | bibi mring putu andika | dening puniku arsa | kula panggihkên yèn kontung | lan putu dika Sandeya ||

5. lajêng winêdalkên aglis | dhatêng ing Kamangkuprajan | Jumadilakir sasine | nuju ing Saptu dinanya | sarta pêparing nata | mring kang bibi kathahipun | sakodhi awarni sinjang ||

6. pan awarni rujak wuni | dèn patêdhan mring Ratu Mas | satêngah kodhi lampahe | kang warni paningsêt gangsal | bokor kêkalih ika | de pangandika sang prabu | lah bibi puniku uga ||

7. kula gawe tiba sampir | paningsête putu dika | Si Sandeya sayêktine | kang matêdhakkên samana | dhatêng Kamangkuprajan | Dyan Patra sira ranipun | lan Dêmang Sêmôngka sira ||

8. ri sampun dhawuh kang wêling | pangandikaning narendra | mring Kyai Mangkuprajane | kya dipati aturira | inggih dhatêng sandika | nanging kula gadhah atur | yèn sawawi lan sang nata ||

9. mênggah ingkang putra ugi | lêhêng si pinanggihêna | lan Pangran Dipati Anèm | wus konjuk atur punika | pangandikaning nata | iku tan akarsa ingsun | têka mangkono genea ||

10. apan iya iku dhingin | kala maksih [ma...]

--- 20 : 50 ---

[...ksih] Si Purbaya | apan wus dèn pacangake | iya lawan Si Sandèya | sasampuning mangkana | dupi ing antara wau | ing kalih sasi laminya ||

11. anuju Arwah kang sasi | Ki Dipati Mangkupraja | wus kinèn lumurug manèh | marang Kadhiri nagara | pangandikaning nata | dening ta si bibi iku | lan sira radèn gawea ||

12. iku ta dadia panjing | iya maring adhi êmas | darapon kêna têluke | samana anulya mangkat | sarta môncanagara | wong pasisir datan kantun | amondhok ing Jatisêkar ||

13. enjing lampahe lumaris | datan kawarna ing marga | Dipati Mangkuprajane | prapta Madiun nagara | wau sapraptanira | Mangkupraja nèng Madiun | Panêmbahan Purubaya ||

14. kèngsêr saking ing Kadhiri | mring Jatiwadung samana | Ki Dipati tumulyage | budhal mring Kadhiri sigra | ingkang darbe nagara | ing Kadhiri pan lumayu | mring nagri ing Kartasura ||

15. nulya tinanêman aglis | mring Dipati Mangkupraja | nagara ing Kadhirine | ingkang tinanêm samana | apan kang darbe lama | wontên dene wastanipun | nênggih Katawêngan kobra ||

16. mila katanêm tumuli | dening punika asagah | angulari ing larine | sultan lawan panêmbahan | samana nuntên budhal | dhatêng Sarêngat jinujug | wusnya lajêng mring Balitar ||

17. sarta kang bala Kumpêni | têtindhihe Tuwan Amral | lan Mayor Lutnan Simune | jêng sultan wontên ing Malang | nuntên Kya Mangkupraja | lajêng dhatêng Jatiwadung |

--- 20 : 51 ---

nèng Jatiwadung alama ||

18. milanya kèndêl alami | dening wus ajêng-ajêngan | nuntên Kya Mangkuprajane | anuli ngaturi surat | mring kangjêng panêmbahan | yèn timbalane sang prabu | mring kang rayi panêmbahan ||

19. yèn mangke dipun timbali | panêmbahan mring kang raka | mantuk mring Kartasurage | sampun tumut-tumut uga | sampeyan mring kang ala | malah gèn kula ingutus | kabêkta putra sampeyan ||

20. dening wangsulaning tulis | andikanya panêmbahan | Mangkupraja kaya priye | ing mêngko gon ingsun ninggal | iya marang yayi mas | de yèn ana wlasirèku | sarta kakang prabu ika ||

21. sira ulungna mring mami | iya putumu si rara | dene yèn ora gêlême | putumu iya apisah | lawan si bibi uga | môngsa borong kakang prabu | iya dèn gawea apa ||

22. jêr iku putrane ugi | liwat saking apracaya | iya rasane tiningong | ri sampunira mangkana | baris ing Kartasura | sadaya anuli maju | dhatêng ing Campalajajar ||

23. myang wadyabala pasisir | miwah wong môncanagara | wus samya umaju kabèh | dening Kyai Mangkupraja | samana datan kesah | sing pakuwon Jatiwadung | sarta lan bala Walônda ||

24. punggawa kang majêng sami | kang anèng Campalajajar | Mangkuyuda lan arine | kang nama Ki Natayuda | lawan Ki Kandhuruan | miwah Ki Dêmang Sawakul | Surantani Surantaka ||

25. Ki Suragarjita nênggih | lawan Ki

--- 20 : 52 ---

Suradigdaya | miwah wong pasisir kabèh | myang Pangeran Mangkubumya | kacarita samana | apan anulya tinêmpuh | dhatêng ing pangeran arya ||

26. wanci surup duk dhatêngi | kongsi sadalu pêrangnya | enjing sadintên pêrange | wanci asar katulungan | dening Kumpêni agya | dening ta têtindhihipun | mayor lan Kapitan Tonar ||

27. pangran arya mundur nuli | kasaput dalu samana | dene kang pêjah wastane | têtiyang ing Kartasura | Ki Dêmang Surantaka | kalih Ki Dêmang Sawakul | katiga Suradigdaya ||

28. miwah ta têtiyang alit | apan akathah kang pêjah | lajêng mring Malang barise | sarta Kyai Mangkupraja | kalawan Tuwan Amral | kangjêng sultan sampun mundur | dhatêng ara-ara Rêbab ||

29. samana lajêng ingusir | dhatêng ara-ara Rêbab | nulya kecalan larine | mila ical larinira | dene lampahe sultan | anut lèpèn pan angidul | ngungsi ardi Palelean ||

30. anulya bodhol tumuli | saking ara-ara Rêbab | apan anut salasahe | Pangeran Dipanagara | ngutus mring Balambangan | wong Kartasura sadarum | angetan prapta ing Lêbak ||

31. ing Lêbak punika ugi | tapêl watês Balambangan | apan kalojok lampahe | Kya Dipati Mangkupraja | mila prapta ing Lêbak | pan samana lêburipun | wadyabala Kartasura ||

32. dening pinarag gêgêring | agêng sarta larang pangan |

--- 20 : 53 ---

malah Kya Mangkuprajane | asakit sangêt samana | nulya mundur sing Lêbak | dhatêng Malang lampahipun | Kya Dipati Mangkupraja ||

33. lampahing baris amalih | ingkang sapalih kabêkta | mring Mangkupraja lampahe | dhatêng nagari ing Malang | kala pamalihira | duk ing Rêbab praptanipun | ingkang sapalih tinilar ||

34. amakuwon nèng Ngrêjèni | sandhap ngardi Palelean | sarta Kumpêni sapalèh | tinilar nindhihi sira | baris Ngrêjèni ika | nanging kangjêng sultan wau | taksih wontên Palelean ||

35. samana Dyan Sindurjèki | nuju adus lampahira | dhatêng lèpèn Rêjènine | kalawan atmajanira | Mas Gêmbolo namanya | kalanira arsa adus | awicantên nganakira ||

36. iya Gêmbolo sirèki | sira nganguk-ngangukana | bokmanawa manawane | ana mungsuh ingkang prapta | Mas Gêmbolo saksana | panakawane tinuduh | kinèn amènèka pucang ||

37. sapraptanira ing nginggil | gènira amènèk pucang | anuju lagi praptane | Kumpêni myang barisira | Pangeran Cakraningrat | samana kagyat andulu | ing rare amènèk pucang ||

38. sigra binêrêk tumuli | kabyukan gêgaman kathah | myang bala Kumpêni kabèh | rare mêmènèk duk wikan | ing gêgaman prêk kathah | gya malorod udhunipun | nanging tan kongsi lumaywa ||

39. kasêlak gêgaman prapti | sira Radèn Sindurêja | wau lawan atmajane |

--- 20 : 54 ---

sampun kabyukan ngakathah | wus kacêkêl samana | sigra pinêjahan sampun | kang murda sampun katigas ||

40. dening atmajanirèki | sampun kacêkêl samana | kang aran Mas Gêmbolone | kacêkêl dhatêng Pangeran | Cakraningrat ing Sampang | wusing mangkana pan katur | mring Dipati Mangkupraja ||

41. yèn Radèn Sindurêjèki | ing mangke sampun kacandhak | malah pinêjahan mangke | dhatêng Kumpêni punika | kya dipati ngandika | mulane kongsi katêmu | lagi apa iku baya ||

42. dawêg adus gèn kapanggih | pangandikannya dipatya | iya ing panêdhaningong | ywa kongsi bantalangantalan. dina | ingong nuli matia | dupi tigang dintênipun | Kya Mangkupraja palastra ||

43. samana kang sami sakit | Radèn Arya Pringgalaya | apan asangêt sakite | wontên tiyang èstri prapta | abdine kangjêng sultan | bok Panjangjiwa ranipun | kang jalêr pan sampun pêjah ||

44. apan pêjahe ajurit | duk pêrang Campakajajar | punika matur rahadèn | matur lamun kangjêng sultan | sampun mring Balambangan | mila baris sami mundur | Kumpêni mring Pasuruan ||

45. Pangran Sampang kang umiring | dening Radèn Pringgalaya | mring Wirasaba undure | sarta lan baris sadaya | dening Kangjêng Ratu Mas | sarta lawan Radèn Ayu | myang layone adipatya ||

46. lajêng ngantukkên kariyin | dhatêng nagri Kartasura | dening kang andhèrèkake |

--- 20 : 55 ---

pangran Mangkubumi ika | kalih Arya Randhêgan | katiga Surantaniku | sapraptaning Kartasura ||

47. katimbalan ing narpati | malêbêta ing jro pura | nanging sangêt panuwune | Ratu Mas apan akêdah | wontên Kamangkuprajan | kalihan dening sang prabu | dening kang kinèn rumêksa ||

48. anênggih Ki Adipati | Danurêja tur sandika | ingkang kawiraos malèh | kang nèng ardi Palelean | jêng sultan nandhang gêrah | asangêt ing gêrahipun | sapêjahe Sindurêja ||

49. nanging samana winarni | karsanipun ingkang raka | Panêmbahan Purbayane | kang rayi karsa binêkta | dhumatêng ing Lumajang | nanging kang rayi tan purun | mila kang rayi katilar ||

50. dhatêng kang raka ing nguni | katilar dhatêng Lumajang | wontên dene punggawane | kang sami kantun samana | rumêksa kangjêng sultan | Ki Garwakôndha karuhun | lan Tumênggung Jayabrata ||

51. apan tan antara lami | sapisahe lan kang raka | jêng sultan sangêt gêrahe | tan antara sultan seda | nuntên Ki Jayabrata | ngaturi uninga sampun | dhatêng nagri Wirasaba ||

52. apan wus katur tumuli | dhatêng Radèn Pringgalaya | Jayabrata saature | saksana Dyan Pringgalaya | sigra atur uninga | wau dhatêng sang aprabu | mring nagari Kartasura ||

53. ature dhatêng narpati | yèn kang rayi sampun seda | nèng ardi Paleleane | pangandikane sang nata | warahên Pringgalaya | lah aja dèn gawa mantuk | layone [layo...]

--- 20 : 56 ---

[...ne] si adhi êmas ||

54. dèn pêndhêma gunung Sari | ri sampuning kadhawahan | ing sapangandika katong | Radèn Arya Pringgalaya | nuntên suka uninga | dhatêng Tuwan Amral gupuh | mangkana lingira Amral ||

55. yèn mangkono ling narpati | ing layone Pangran Blitar | lah lajokêna marene | ingong ingkang nora suka | lamun dèn sarèkêna | ing saênggon-ênggonipun | iya ingong kang anggawa ||

56. mulih mêtu ing Samawis | anuntên katur samana | mring Radèn Pringgalayane | lamun wau Tuwan Amral | mangkana karsanira | nuntên Garwakôndha rawuh | lan Tumênggung Jayabrata ||

57. miwah para garwa sami | dhèrèkkên layoning sultan | sarêng dhatêng Kadhirine | linajêngakên saksana | layon mring Pasuruan | dening wong Kartasurèku | kang angiringakên laywan ||

58. Ariya Pulangjiwèki | kalih Ki Rôngga Tohjiwa | Suryarini katigane | sapraptaning Pasuruan | sinrahakên saksana | layon mring Kumpêni wau | sarta Pangran Cakraningrat ||

59. tumulya mundur tumuli | saking nagri Pasuruan | Tuwan Amral lan mayore | dening wong ing Kartasura | kang baris ing Mamênang | sang nata nimbali mantuk | wus lumampah dutanira ||

60. nuntên Tuwan Amral prapti | ing nagari Kartasura | sarta ambêkta layone | ingkang rayi Pangran Blitar | sarta para garwanya | lajêng wau lampahipun | malêbêt loji samana ||

--- 20 : 57 ---

61. sampun katur ing narpati | pangandikaning narendra | sira bacutêna bae | marang ing Magiri ika | tunggalêna lan rama | karana iku karuhun | dening putra kinasihan ||

62. sigra binêkta tumuli | layon mring Magiri ika | apan wus sinarèkake | dening Tumênggung Jabrata | myang suta Garwakôndha | apan pinêjahan sampun | pêjahira sinudukan ||

63. dening para garwa sami | kalêbêt dalêm sasaya | datan antara lamine | Radèn Pringgalaya prapta | sarta wong Kartasura | sadaya wus sami rawuh | sasampunira mangkana ||

124. Ki Martayuda kabucal dhatêng Jakarta

64. samana antara lami | nulya Pangran Cakraningrat | tinuduh dhatêng sang katong | angupaya Panêmbahan | Purubaya samana | pangandikaning Sang Prabu | Cakraningrat wêkas ingwang ||

65. poma dèn bisa sirèki | ing sabudi-budinira | dèn kêna gonnya ngupados | iku aja mulih sira | yèn ta nora kênaa | adhi mas dening sirèku | dening yèn kêna mring sira ||

66. iya gancaranirèki | besuk nagara ing Sampang | apan sun patêdhakake | Cakraningrat marang sira | dahat nuhun sandika | Cakraningrat aturipun | sigêg gantya kang winarna ||

67. ingkang winursita malih | wau ing sapêjahira | Dipati Mangkuprajane | myang Radèn Suryadiningrat | samana sri narêndra | apan [apa...]

--- 20 : 58 ---

[...n] pêparentah sampun | anata wadya punggawa ||

68. kapatihan mantuk malih | kadadosakên satunggal | kadya duk nguni-unine | dhatêng Kyai Adipatya | Danurêja samana | dening ta têtilaripun | Adipati Mangkupraja ||

69. jalêr maksih tarunnèki | samana jinunjung lênggah | wus kinarya wadanane | mantri panêkar punika | sarta sinungan nama | gêntosi rama karuhun | Tumênggung Kartanagara ||

70. tunggil warsa lan dipati | ing Samarang duk pralina | kacatur kala tilare | datan adarbe atmaja | anging pulunanira | ingambil putra satuhu | nguni katur ing narendra ||

71. mring Sunan Pakubwanèki | kala têdhak mring Samarang | dipati pêpulunane | wau kang ingambil putra | malah sinungan aran | dhumatêng kangjêng sinuhun | ran Ngabèi Martayuda ||

72. samana satilarnèki | kang rama Ki Martayuda | apan angrêbat sêdyane | marang nagari Samarang | mring Kumpêni wus bilang | marang Kumisaris Dulkup | kang jaga nagri Samarang ||

73. nêdha lilèng kumisaris | wau sira Martayuda | anêdha satêtilare | lêlungguhe ramanira | kabupatèn tinêdha | nanging supe tan atur wruh | marang nagri Kartasura ||

74. katur dhatêng kyana patih | polahe Ki Martayuda | dahat ing panggêgampange | anèng nagri ing Samarang | sigra Ki Danurêja | ya ta aputusan sampun | animbali Martayuda ||

75. caraka wus mangkat aglis |

--- 20 : 59 ---

sampun prapta ing Samarang | Martayuda kabêktage | kèrid lampahing utusan | prapta ing Kartasura | ngangge sagèn-anggènipun | kabupatène kang rama ||

76. praptane Kartasurèki | mondhok anèng kapatihan | Dipati Danurêjage | utusan dhatêng Samarang | sarya akintun sêrat | punang carakaglis rawuh | pan nagari ing Samarang ||

77. nulya ngaturakên tulis | caraka dhatêng ing sira | Kumisaris Dabalkupe | wus tinampan tinupiksa | bêbukaning nawala | kang rumiyin tabenipun | sudara dhatêng ing dika ||

78. lan kaping kalihe malih | prakara pun Martayuda | gènnya ngadêg bupatine | punapa ta pakênira | ingkang karya bupatya | anèng Samarang puniku | dene ta gusti manira ||

79. kangjêng sinuhun sang aji | dèrèng adarbe timbalan | marang Ki Martayudane | yèn anggêntènana rama | lah wruhan pakênira | sudara satuhunipun | gawene ki adipatya ||

80. anèng nagari Samawis | ajaga mring pakênira | anaosi ing karyane | Kumpêni anèng Samarang | dening lamun awona | puniku pakaryanipun | pakênira tura wikan ||

81. inggih marang jênêng mami | manira turne sang nata | pakênira sayêktine | boya wênang yèn anglonga | miwah yèn mêwahana | dipati lêlungguhipun | tan wênang ganjar aniksa ||

82. dene gawening Kumpêni | anglongi amêwahana | atas karsaning sang katong |

--- 20 : 60 ---

tuwin ganjar aniksaa | punika karya nata | pan jênêng pakênirèku | tan kêna milu-milua ||

83. Kumisaris Dulkup nênggih | anjêtung tan kêna ngucap | mirsa nawala ungêle | ingucapakên ki patya | sigra mangsuli sêrat | dhatêng Ki Danurêjèku | anêdha kang pangapura ||

84. sarta ngaturi pakirim | marang Kyai Danurêja | kathah-kathah pakirime | sarana aminta jiwa | kumisaris samana | mring Kyai Danurêjèku | darapon ywa kongsi corah ||

85. mungguh bicarèng Batawi | wontên dene Martayuda | mungguh dene prakarane | kasiku ing lampahira | mapan Ki Martayuda | dene ta maksih puniku | wontên nagri Kartasura ||

86. prasasat puniku ugi | wontên ngêsak pakênira | ki dipati sayêktine | barang sakarsane dadya | tan ngawruhi manira | duta mêsat tan asantun | wus prapta ing Kartasura ||

87. cundhuk lan sang adipati | kang caraka atur surat | sigra tinampan sirage | kang surat wus tinupiksa | dhatêng rêkyana patya | kalangkung suka ing kalbu | kya patih mirsa nawala ||

88. dening sira kumisaris | langkung konjêm manahira | tumulya sowan sirage | Kya Dipati Danurêja | sampun praptèng jro pura | katur marang sang aprabu | ing sapolah-polahira ||

89. langkung tustha sri bupati | lingira sri naranata | lah iya iku wakane | pan môngsa bodhoa sira | miwah Si Martayuda | katrap ing sêsikunipun | age

--- 20 : 61 ---

sira lêkasana ||

90. nanging aja kongsi mati | karana iku jêng rama | kang swarga kala ngunine | apan wus aprajangjian | lan Paman Adipatya | Suraadimanggalèku | jangji saturune ika ||

91. pan luput ing dosa pati | iku dèn èngêta sira | anadene gêgêntine | kang tunggu nagri Samarang | môngsa bodhoa sira | kya patih nêmbah umatur | yèn suwawi lan paduka ||

92. abdi paduka narpati | pun Angabèi Gamulak | punika kasaosake | kadi tan nêniwasana | ing watawis kawula | tinanggênah atêtungu | nagari dalêm Samarang ||

93. lan bangun turut narpati | inggih pun Sastrawijaya | angandika sang akatong | lah môngsa bodhoa sira | kya patih sigra mêdal | praptèng pagêlaran gupuh | Kya Ngabèi Martayuda ||

94. dhuwunge sampun ingambil | gya pinarèsi samana | nèng kapatihan ênggène | sarta amatah pungawa | dinuta mring Samarang | ngêsrahkên Martayudèku | dhatêng kumisaris ika ||

95. kinèn budhala tumuli | saking nagari Samarang | wus budhal duta lampahe | ambêkta Ki Martayuda | tan kawarna ing marga | ing Samarang sampun rawuh | tinampan Ki Martayuda ||

96. marang sira kumisaris | linajêngakên saksana | binucal ing Jakartage | lan saanak dharanira | pun amangsuli sêrat | pun Kumisaris Dabalkup | duta nata gya umêsat ||

97. saking nagari Samawis | gya prapta ing Kartasura |

--- 20 : 62 ---

katur mring ki patih age | kumisaris sêratira | lajêng binêktèng pura | langkung suka sang aprabu | miwah Patih Danurêja ||

98. lawan malih kumisaris | Dabalkup akintun sêrat | mring Patih Danurêjane | sêrat sampun tinupiksa | ri sampuning mangkana | mangsuli carita dangu | nutur kang wus kalampahan ||

99. kala pangeran ngabèi | duk jênênge ingkang rama | sêdhênge mèh pamapade | pangeran ngabèi kesah | anjog nagri Têtêgal | Kumpêni ingkang ambujuk | binêkta dhatêng Jakarta ||

100. sarêng jumênêng kang rayi | jêng pangeran kinèn budhal | dhatêng Ngêkap pambucale | mila mangkya atur sêrat | Kumpêni mring sang nata | anuhun ing ingonipun | lan malih ing ingonira ||

101. ngabèi kang pinisakit | mila Patih Danurêja | pan karsa ingutus mangke | dhatêng nagari Samarang | apan kathah bicara | ingkang akarsa rinampung | wontên nagari Samarang ||

102. lawan jangji kang rumiyin | wus têtêp ing sabên warsa | ingkang nampani artane | Ki Dipati Danurêja | têtêmpuran Walônda | uwos sèwu koyan wau | sami kinarubut ika ||

103. myang Adipati Samawis | datan kantun lampahira | kalawan kumisarise | wus prapta ing Kartasura | cundhuk lawan sang nata | wus atur uningèng prabu | yèn samya rêmbug ngungsira ||

104. mring Pangran Purubayèki | tansah wontên ing Lumajang | langkung suka tyas sang katong | mirsa turing

--- 20 : 63 ---

saudara | kumisaris samana | sang nata langkung jumurung | ing rêmbage kang sudara ||

105. kang kinarya senapati | sira Pangran Cakraningrat | manggalane lampah kabèh | Kumpêni senapatinya | têtindhihing ayuda | Tuwan Kumisaris Dulkup | Pangeran Anyakraningrat ||

106. wus tampi wêling narpati | yèn antuk karya ing lampah | ing Sampang ginanjarake | dene yèn tan apanggiha | Panêmbahan Purbaya | apan tan kalilan mantuk | sira Pangran Cakraningrat ||

107. ri sampuning mangkanèki | sawêdalira sing pura | wus samêkta wadya kabèh | sigra kumisaris budhal | sing nagri Kartasura | sang nata bêktani sampun | punggawa môncanagara ||

108. tuwin bupati pasisir | sapanêngên kang binêkta | dene kang tinugurake | Kapitan Pambayi sira | anèng nagari Daha | wus kinèn mangkat agupuh | gya samya budhal mangetan ||

109. akanthi môncanagari | kumisaris budhalira | miyos ing Jipang lampahe | anjog nagri Surabaya | wong pasisir samana | sapraptaning Surèngkewuh | sami kinèn pradandanan ||

110. inganti ing Surawèsthi | nanging kang datan apisah | lan kumisaris lampahe | amung Dipati Samarang | sira Sastrawijaya | wusing padandanan wau | punggawa pasisir ika ||

111. Madura Sumênêp nênggih | sarta sapanêkarira | tan kantun sapanêngêne | ri sampunira samêkta | sigra budhal lampahnya | saking nagri Surèngkewuh |

--- 20 : 64 ---

ingkang kinarya pangarsa ||

112. Angabèi Tohjayèki | ing Lamongan pan ambêkta | prajurit dhomas cacahe | sami andêl ing ayuda | datan kawarnèng marga | Muaragêmbong wus rawuh | myang kang miyos Daha prapta ||

113. mring sakèhe wong pasisir | dene arta ki dipatya | kang ambagi andumake | mring wong pasisir sadaya | marma Ki Danurêja | mring Samarang sabên taun | Kumpêni manawi cidra ||

114. gêgampang panêmpurnèki | bôndha sêmaya kewala | mila wong pasisir kabèh | sami cinandhêt sadaya | aywage asrah bêras | wusing tampi wêling wau | wêwêlinge sri narendra ||

115. sigra budhal ki dipati | datan kawarna ing marga | sampun prapta ing lampahe | wau nagari Samarang | wus cundhuk ki dipatya | lan Kumisaris Dabalkup | wau Ngabèi Gamulak ||

116. wus jinunjung adipati | alungguh anèng Samarang | wus sinungan kêkasihe | Dipati Sastrawijaya | ing Samarang prajanya | de prakara ingonipun | pangran ngabèi samana ||

117. panuwunipun Kumpêni | nuwun kawan atus reyal | Dipati Danurêjane | kalih atus sinanggêman | ing sabên warsanira | yèn Kumpêni datan purun | angrêksa marang pangeran ||

118. samana catuning bukti | lah dèn ulihna mring Jawa | manira pan sanggup dhewe | ingkang rumêksa pangeran | dadya putus bicara | sabên warsa kalih atus | kunêng gantya winursita ||

119. Pangeran Dipasantèki |

--- 20 : 65 ---

lolos saking ing nagara | ngancik desa Lowanune | anulya cinêkêl sira | mring Ki Gagakpranala | apan winadhahan susug | marmane cinêkêl sira ||

120. dene arsa madêg aji | wusing cinêkêl samana | nulya ngaturake age | mring nagara Kartasura | anulya kinunjara | anèng gêdhong têngên wau | tan alami pinêjahan ||

121. Pangeran Dipasantèki | pan linawe sedanira | kya dipati winiraos | rêmbug ngungsir panêmbahan | mring nagari Lumajang | samana pan sampun rêmbug | sigra sami budhalira ||

122. mring nagri Kartasurèki | anarêngi lampahira | Kya Danurêja ulihe | lawan kumisaris ika | sarta ambêkta bala | Kumpêni kathahe sèwu | tuwin pasisir sadaya ||

123. sagunging môncanagari | miwah kang bala Walônda | apan sarêng ing praptane | wus sami kêkuwu sira | nèng nagri Pasuruan | ya ta wau kang winuwus | Panêmbahan Purubaya ||

124. kang lagya sangêt rudatin | anèng nagri ing Lumajang | prihatin lan sawadyane | dene kang rumêksèng wuntat | bok ana mungsuh prapta | ingkang anututi laku | myang Kumpêni nututana ||

125. Radèn Suradilagèki | ingkang rumêksa ing baya | nèng wuntat lan sawadyane | kalih atus prajuritnya | baris kilèning kitha | dhusun Sarêbêd namèku | lan malih Ki Natapura ||

126. apan aurun prajurit | kalih atus kathahira | dene [de...]

--- 20 : 66 ---

[...ne] kang raka ênggène | sira Radèn Surapatya | pan anèng ing Lumajang | anunggil ing ênggonipun | lawan kangjêng panêmbahan ||

127. sarta Pangran Arya nênggih | tan pisah lan panêmbahan | lawan Radèn Mas Lindhune | kang kabêktèng panêmbahan | myang Êmbahan Rucakra | Dipati Natapurèku | samya nunggil nèng Lumajang ||

128. panêmbahan gunêm sami | lan sagung prajuritira | amundhut bantu karsane | dhatêng ing Nusakambangan | duta wus lumaksana | sapraptane nagri Wangsul | kang duta sinanggèng krama ||

129. sanggupira rajèng Jawi | inggih angaturi ika | tigang nambang prajurite | lagya amiliha sira | dasih ingkang prayoga | Panêmbahan Purbayèku | wus kathah pêparingira ||

130. maring sang raja ing Bali | awarna arta kancana | miwah kang warni rêrukmèn | nanging ta datanpa wêkas | sanggup-sanggup kewala | kunêng gantya kang winuwus | kumisaris kang winarna ||

125. Panêmbahan Purubaya kenging dipun bujuk, lajêng dipun dalêmakên wontên ing Jakarta

131. lagya pirêmbagan sami | lan Pangeran Cakraningrat | miwah pra dipati kabèh | dènnya arsa ambujuka | marang ing panêmbahan | Purubaya wus arêmbug | upaya wus karêtosan ||

132. nging dèrèng wontên prayogi | kang dinuta mring Lumajang | Ki Citrasoma lingnyalon | adhi Ngabèi Tohjaya | kadipundi [ka...]

--- 20 : 67 ---

[...dipundi] karsanya | lah sintên prayoginipun | kang bêkta sêrat punika ||

133. lan saprakarane malih | adhi sintên jinujuga | kang dadosa jarumane | yèn benjing prapta Lumajang | sumaur Ki Tohjaya | tan wontên prayoginipun | tan liyan Suradilaga ||

134. kalawan pun Surapati | punika pamirsa kula | tan wontên liyane manèh | nanging kêkalih punika | kang tinari ing prana | mring Êmbahan Purbayèku | kadhahar saaturira ||

135. lan taksih sugih prajurit | pun Surapati punika | myang pun Suradilagane | milanipun panêmbahan | Purbaya mring Lumajang | inggih saking aturipun | pun Surapati punika ||

136. lan pun Suradilagèki | ya ta Pangran Cakraningrat | alon nauri dêlinge | ênggih bênêr tuturira | Ki Tohjaya mangkana | ing sapamiyarsaningsun | Kumisaris Dulkup mojar ||

137. hèh Ngabèi Tohjayèki | luwih panuju manira | kang mungguh ing jarumane | yèn kang nama Surapatya | miwah Suradilaga | nging sintên prayoginipun | ingkang ambêktaa surat ||

138. tumêkaa Surapati | myang katur ing panêmbahan | pan layang manira kiye | amot saliring bicara | sarta timbalan nata | hèh sagung pra bupatiku | samya naria mantrinya ||

139. kang yoga wani ngêmasi | anglampahna surat ingwang | pra punggawa tumulyage | samya nantun mantrinira | pan tan ana kang sagah | sakèh mantrining tumênggung | Dabalkup kaku

--- 20 : 68 ---

tyasira ||

140. lah kadipundi puniki | kang manira lakonana | pan dudu karyèngsun dhèwè | apan karsaning narendra | ingkang manira angkat | kadyapa têmahanipun | yèn makètêna kewala ||

141. sabêcikanea ugi | pakaryane prang akasap | môngsa samia têmahe | lan lampah kang dhêmit uga | ya ta Kyai Tohjaya | mirsa kumêmbêng kang êluh | amicara jroning nala ||

142. sakèhing punggawa iki | mangkene baê togira | de ngong mirsa riwayate | mungguh pa karya narendra | kang luwih wrat sinôngga | punggawa ngawaki purun | katêmpuh boting prakara ||

143. ketang dêl-andêling aji | yèn punggawa kang mangkana | nadyan cili maksih rare | yèn wani anêmpuh baya | karya wrat dhêmit ika | myang bot repot prajèng ratu | patut kinarya dipatya ||

144. dening pra bupati iki | tan ana kang sumaura | têka padha kèndêl bae | apa baya awak ingwang | iki kang sinêmonan | ujêr nyata awak ingsun | Si Tohjaya iku uga ||

145. asal wong cili kariyin | mêngko ginanjar nagara | pan kinarya bupatine | imbal wacana lan nata | tur tadhah pangandika | apa wêwalês sirèku | yèn tan wani anêmpuh byat ||

146. apa mêngkono tyasnèki | pra bupati iki baya | dene padha mênêng bae | sigra mudhun dènnya lênggah | saking kursi gya mojar | manira tuwan kang purun | inggih nglampahakên sêrat ||

--- 20 : 69 ---

147. ingong ngawaki pribadi | tan kudu bêkta punggawa | kumisaris suka tyase | sigra kinanthi astanya | Kya Ngabèi Tohjaya | binêkta mring kantor gupuh | sarwi binisikan sira ||

148. aywa susah tyasirèki | adate pan ora ana | duta têka ing patine | iya praptanirèng kana | sapa sira jujuga | Ki Tohjaya lon umatur | inggih pun Suradilaga ||

149. kang kula jujug ing bènjing | yêkti pun Suradilaga | punika anulya age | asung wruh ing kakangira | kang aran Surapatya | lamun dhangan manahipun | pun Surapati punika ||

150. apan panêmbahan ugi | dhatêng nuruti kewala | punapa ing saature | pun Surapati dhinahar | kumisaris lon mojar | bênêr ngabèi sirèku | nya iki pakirim ingwang ||

151. mring Êmbahan Purbayèki | miwah mring Ki Surapatya | lan mring Suradilagane | sigra wau tinampanan | pakirim lawan sêrat | kumisaris ling asung wruh | hèh ngabèi wruhanira ||

152. samôngsa gêpoka ugi | êmbahan pakirim ingwang | têka gampang ing manahe | purun ngong aturi uga | Kya Ngabèi Tohjaya | suka tyasira angrungu | lir kinanthi têdahira ||

144. Kinanthi

1. Ki Ngabèi Tohjayèku | sigra umêsat siraglis | saking nagri Pasuruan | bêkta panakawan kalih | lan dipati ing Samarang | wau pinundhutan mantri ||

2. ngaturi satunggil sampun |

--- 20 : 70 ---

mantri dipati Samawis | wastane ingkang tinêdah | Dêmang Kaligawe nênggih | lan Dipati Citrasoma | bêktani kabayan mantri ||

3. lan satunggil sikêpipun | kang mikul rêmbatannèki | dadya kanêm Ki Tohjaya | lampahe ingkang anandi | wus lêpas ing lampahira | datan kawarna ing margi ||

4. ing Sarêbêd sampun rawuh | gènnya pabarisannèki | sampun katur lampahira | mring Dyan Suradilagèki | kalangkung pangungunira | dening salamêt ing margi ||

5. pakirim tinampèn sampun | ingkang saking kumisaris | kalangkung awarna-warna | kang mring Suradilagèki | miwah kang mring Surapatya | pangangge awarni-warni ||

6. Suradilaga lon muwus | adhi Tohjaya sirèki | lah pakênira kantuna | sakêdhap wontêna ngriki | manira sowan mring kakang | Surapati turkên tulis ||

7. dene ta mungguhing laku | andika puniki adhi | arsa kawula bêktaa | manawi dede karsèki | inggih kakang Surapatya | lêng kula lajêng kariyin ||

8. agampil mangke ing pungkur | yèn adhi dipun aturi | gya mêsat Suradilaga | sing desa Sarêbêd aglis | lêlancaran lampahira | Kyai Tohjaya kang kari ||

9. anèng pabarisan wau | rinêksa dening wong Bali | balane Suradilaga | kang brêngos sakêpêl sisih | solahe kadi rasêksa | ting jalimprak yèn ingaksi ||

10. mantri ing Japara wau | kanthine Ki Angabèi |

--- 20 : 71 ---

ajrih aningali sira | padha sadhela panastis | angling Dêmang Pariwana | lah dawêg minggat kiyai ||

11. tan eca ing raosipun | dika dèn tilar ing ngriki | dening pun Suradilaga | alami tan ana prapti | tiyang kang têngga punika | nèng ngriki pating kalêsik ||

12. datan eca raosipun | lah nêdha lunga kiyai | anyêntak Kyai Tohjaya | dudu anak wong sirèki | kinongkon durung karuwan | ngajak minggat tan asari ||

13. Ki Kabayan sauripun | lah nêdha uga kiyai | minggatipun ragi kêbat | tiyang kang têngga puniki | mêmêdosi gunêmira | inggih ing watawis mami ||

14. pakène bêndaranipun | Suradilaga puniki | angucap ping pat ping lima | ki ngabèi tan nauri | lingira mantri Japara | kawula minggat pribadi ||

15. Kyai Tohjaya amuwus | lah sira lungaa aglis | Dêmang Pariwana sira | aywa nyênyukêri pikir | lêbur luluh awak ingwang | ingsun lakoni pribadi ||

16. pan dudu wong ala ingsun | kaya sira jêjêmbêri | lingira Ki Pariwana | inggih alêrês kiyai | kula rencanging punggawa | dika punggawèng narpati ||

17. tur ginanjar nagaragung | sêdhêng yèn tohana pati | awak kula nèng Japara | apan ngêtutakên bukti | sakêpêl mring ki dipatya | Japara Citrasomèki ||

18. dene gawe kula iku | anglampahi bayapati | langkung bêndu Ki Tohjaya | mantri ing Japara nênggih | apan [a...]

--- 20 : 72 ---

[...pan] arsa tinabokan | anulya bonglos tumuli ||

19. mantri Samarang kang kantun | lingira Ki Tohjayèki | lah kayangapa ta sira | manawarsa anututi | milu minggat ingkang ala | Dêmang Lèpèndamêl angling ||

20. botên tumut awak ingsun | nanging wontên atur mami | kiyai dhatêng andika | sampun dikarani mantri | ngarana sikêp kewala | awak kawula puniki ||

21. ya ta wau kang winuwus | sira Radèn Surapati | sadhatênge arinira | bêkta sêrate Kumpêni | sarta lan pakêkiriman | sêrat tinupiksa aglis ||

22. bêbukaning sêrat wau | bang-êbang-êbang kang muni | mangkana pangêbangira | lamun Radèn Surapati | ngênakêna panêmbahan | yèn kêna ginanjar nagri ||

23. marang ing sira sang prabu | ing ngêndi kang dèn karsani | lawan Kumpêni ing benjang | awèh untung sabên warsi | kathahe rongèwu reyal | myang sadosane ramèki ||

24. sadaya apan linêbur | kang wus kalampahan nguni | lawan aywa seba sira | mring nagri Kartasurèki | ngeca-ecaa ing benjang | anèng ing prajanirèki ||

25. wus karsanira Hyang Agung | sira Radèn Surapati | lali ngipat-ipatira | ingkang rama duk ing nguni | kamelogên ing pangêbang- | êbang dibyaning Kumpêni ||

26. adat Kumpêni linuhung | yèn asung ujar tan yukti | Surapati sigra seba | mring Êmbahan Purbayèki | matur yèn atampi surat | saking raka sri bupati ||

27. myang Kumisaris [Kumisa...]

--- 20 : 73 ---

[...ris] Dabalkup | punika sartatur tulis | ungêlipun ingkang surat | ulun kinèn mituturi | mring paduka ingaturan | ungêlipun ingkang tulis ||

28. pan paduka tan dosèku | mring nata tuwin Kumpêni | katut ing ari sampeyan | jêng sultan kang sampun lalis | raka paduka sang nata | punapa malih Kumpêni ||

29. punika kalangkung ngungun | dhumatêng paduka gusti | mila ing mangke sampeyan | kinèn mantuk mring nagari | paduka kinèn adhahar | sabin kalih lêksa gusti ||

30. yèn paduka datan arju | mantuk mring Kartasurèki | Kumpêni kang tumanggunga | aran paduka ta gusti | ing panjênêngan paduka | kalêbêt buk ing Kumpêni ||

31. mênggah karaton pukulun | paduka adarbe waris | punika kang tinanggahan | panêmbahan lingnya aris | sapa dutane kang prapta | Surapati matur aris ||

32. inggih duta ingkang rawuh | pun Tohjaya wastanèki | bupatine ing Lamongan | mangke maksih wontên wingking | angandika panêmbahan | yèn mangkono Surapati ||

33. panggiha dhewe sirèku | lan Dabalkup Kumisaris | lawan sira ajangjia | iya ingsun gêlêm mulih | sarupane bocah ingwang | kang dosa-dosa ing nguni ||

34. dèn apuraa sadarum | tuwin Si Martapurèki | tanapi sira priyôngga | lan kangmas Hèrucakrèki | lawan Si Cakranagara | lawan sakadangirèki ||

35. yèn tan dèn apura

--- 20 : 74 ---

iku | kabèh ngong tan gêlêm mulih | sun plaur lêbur luluha | anèng wana kene ugi | atur sêmbah Surapatya | inggih kawula rumiyin ||

36. yèn makatêna pukulun | ing karsa paduka gusti | kawula dhatêng sandika | sigra mêsat Surapati | ing Sarêbêd sampun prapta | panggih lan Ki Tohjayèki ||

37. atutur sasolahipun | sira Radèn Surapati | langkung suka manahira | Ki Tohjaya miyarsèki | sukur radèn yèn mangkana | lah nêdha mangkat tumuli ||

38. nulya sarêng mangkat wau | nging Surapati pribadi | kang kantun Suradilaga | tanapi Tirtanatèki | kalawan sawadyanira | nèng Sarêbêd dènnya baris ||

39. dening Surapati wau | kalawan Ki Tohjayèki | nagari Gêmbong glis prapta | panggih lawan kumisaris | langkung suka ing wardaya | urmatira anglangkungi ||

40. tohjaya tinakèn sampun | mring Dabalkup Kumisaris | wilujêng sarowangira | nanging mantri Japarèki | nênggih punika kang minggat | langkung duka Kumisaris ||

41. mring Kyai Citrasomèku | wus dhinêndha sèwu nênggih | dening langkung tiwasira | gènira dadya bupati | tan duwe bêbêcik pisan | gawe mantri wong panyakit ||

42. wus winangun bicarèku | dene Radèn Surapati | kang tinêdha sira radyan | ing Pasuruan nagari | lawan amadananana | sawetan ing ardi Wilis ||

43. Kumpêni nanggupi wau | dene Radèn Surapati | sanggup [sang...]

--- 20 : 75 ---

[...gup] ngaturakên sira | Panêmbahan Purbayèki | ing mangkya lagya kadhahar | saatur-aturirèki ||

44. ri sampuning dadya rêmbug | anulya Ki Tohjayèki | kang adarbe pagawean | tinuduh balia malih | lumampah sawadyanira | sarta sêrating Kumpêni ||

45. myang Radèn Surapatiku | sira angaturi tulis | marang kangjêng panêmbahan | miwah dhatêng ingkang rayi | mangkana Suradilaga | lan sira Tirtanatèki ||

46. sigra mangkat Tohjayèku | sagung punggawa pasisir | pinundhutan sikêpira | yatnane Ki Angabèi | Panêmbahan Purubaya | bilih lêga ingkang galih ||

47. myang kapondhongana iku | aywa karya susah malih | milanipun caos tundhan | Kyai Tohjaya Ngabèi | ri sampunira samêkta | Ki Tohjaya budhal aglis ||

48. datan kawarna ing ênu | desa Sarêbêd wus prapti | Suradilaga kapêndhak | Ki Tohjaya atur tulis | sêrat sampun tinupiksa | sasampuning maos tulis ||

49. Dyan Suradilaga muwus | yèn makatên dawêg adhi | ing mangke dawêg aseba | kalih sarêng mangkat sami | tansah rêmbagan samarga | lingira Ki Tohjayèki ||

50. kakang Suradilagèku | mangkin satur-atur mami | dika inggihi kewala | yèn dika tinantun mangkin | darapon jêng panêmbahan | gugua saatur mami ||

51. dêdimèn jagat Jawèku | age kartaa anênggih | kalih wus prapta [pra...]

--- 20 : 76 ---

[...pta] Lumajang | katur wontên duta prapti | sigra nuntên ingandikan | mring Êmbahan Purbayèki ||

52. Radèn Suradilagèku | kang angirid praptèng ngarsi | atur sêmbah Ki Tohjaya | sarya ngaturakên tulis | saking kumisarisira | lan saking ing Surapati ||

53. sêrat tinupiksa sampun | êmbahan lêga kang galih | miyarsa ungêling sêrat | wijiling pangandikaris | sira aran Si Tohjaya | sang tinanya atur bêkti ||

54. inggih kawula pukulun | panêmbahan ngandikaris | ingsun wruh ngaran kewala | durung wruh ingsun ing warni | eling duk alame rama | sira ingkang dèn kirimi ||

55. kinirim aran karuhun | maring kangjêng rama swargi | ingsun tanya sayêktinya | anake sapa sirèki | dene rupamu apelag | lan bêcik karyanirèki ||

56. wani ingadu prang pupuh | ing dhêmit wani nglakoni | nora tampik barang karya | lah tutura dèn sayêkti | ngabèi matur wotsêkar | anaking awon sayêkti ||

57. panêmbahan ngandikarum | sira ingkang amiwiti | iya sira iki dadya | wiji satuhuning bêcik | langkung asih panêmbahan | marang sira ki ngabèi ||

58. dhinahar saaturipun | Suradilaga nginggihi | miwah wau sêratira | Dabalkup têmbungnya manis | myang ature Surapatya | kang kawrat sajroning tulis ||

59. kathah-kathah sakalangkung | manise ungêling tulis | miwah kang pangêbang-êbang | Kumpêni katur ing gusti |

--- 20 : 77 ---

sampun karsaning Hyang Suksma | panêmbahan tyasnya gampil ||

60. panêmbahan ngandikarum | marang Kyai Tohjayèki | iya anuruti ingwang | Tohjaya saaturnèki | nanging ingsun lagi gêrah | kayapa aturirèki ||

61. Tohjaya matur wotsantun | milane kawula gusti | inggih asaos wahana | ambêkta tandhu lan joli | nênggih amiyarsa warta | yèn paduka lagi sakit ||

62. panêmbahan ngandikarum | iya besuk Rêbo mami | budhal saking ing Lumajang | sigra Kyai Tohjayèki | glis utusan tur uninga | mring Dabalkup Kumisaris ||

63. datan kawarna ing ênu | prapta ing Gêmbong nagari | kumisaris wus kapêndhak | katur ing sasolahnèki | kumisaris langkung tustha | ngatag para punggawèki ||

64. para punggawa têtêlu | kang ingatag mêthuk sami | sira Dipati Samarang | lan Arya Kudus anênggih | katiga Ki Arya Tuban | lan tigang atus Kumpêni ||

65. kumpêni pangagêngipun | Mayor Lèndêr wastanèki | lan Kapitan Tonar sira | miwah Kapitan Pambayi | Kapitan Bonggol kapatnya | sadaya samêkta sami ||

66. sigra wau budhalipun | wong Jawa lawan Kumpêni | tigang dina lampahira | kèndêl ing wana Basuki | panêmbahan kang winarna | wus budhal sawadyanèki ||

67. saking ing Lumajang wau | gumuruh swaraning dasih | watawis kantun sanambang | panêmbahan wadyanèki | kalêbêt ing wadyanira | Panêmbahan Rucakrèki ||

--- 20 : 78 ---

68. myang kalêbêt wadyanipun | Dipati Natapurèki | lan balane Surapatya | myang Pangran Cakranagari | sing Madura sawadyanya | lawan Suradilagèki ||

69. Tirtanata datan kantun | salampah kakang umiring | nanging arine sajuga | punika wau kang kari | Radèn Bêrahim namanya | kari nèng Dhumpul lagya gring ||

70. dene Kyai Tohjayèku | tan kêna pisah samargi | Panêmbahan Purubaya | sakalangkung dènirasih | lampahipun sampun prapta | wau ing wana Basuki ||

71. wus panggih lawan kang mêthuk | pra punggawa myang Kumpêni | nanging sira Panêmbahan | Purbaya prayitnèng wèsthi | rêrepotan munggèng wuntat | dene kang nindhihi dasih ||

72. nênggih ingkang putra jalu | Dyan Mas Umbaran namèki | sêlir lawan para graha | sami lumampah ing wuri | kalih dalu rêrêb sira | sigra budhalira enjing ||

73. saking Basuki gumuruh | nulya Dipati Samawis | utusan ngaturi wikan | marang tuwan kumisaris | Dabalkup dahat sukèng tyas | gya ngatag Kumpêni aglis ||

74. watawis sabragadèku | kinèn muthaka abaris | anèng alun-alun sira | ing Pasêdhahan nagari | kumisaris tan amapag | taksih nèng Gêmbong sirèki ||

75. mung Dyan Surapati wau | kang ngirid bala Kumpêni | Panêmbahan Purubaya | wus rawuh sawadyanèki | ing nagari Pasêdhahan | kèndêl nèng pasowan jawi ||

76. saha

--- 20 : 79 ---

wadyanira kumpul | atata barisirèki | dene Walandi barisnya | anèng sangajênging masjid | Pasuruan tinon aglar | Panêmbahan Purbayèki ||

77. asêmu duka ing kalbu | dening Dulkup Kumisaris | datan ana katingalan | gya ningali Surapati | aturira Surapatya | angrojongi ing sakapti ||

78. sigra Kyai Tohjayèku | wau ingkang dèn timbali | tinuduh kinèn ngantêpa | dhatêng sira kumisaris | dene nora nana prapta | amapag ing jênêng mami ||

79. têka ngenak-enak iku | apa ta nora sayêkti | goning ngajak bêbêcikan | kumisaris lawan mami | yèn ora sira karuan | enake bae kang ati ||

80. pagene norana rawuh | nèng Pasêdhahan ing ngriki | eca nèng Gêmbong kewala | apa ta karêpe ugi | Ki Tohjaya atur sêmbah | sigra anitih turanggi ||

81. garawalan lampahipun | prapta ing Gêmbong siraglis | Kyai Ngabèi Tohjaya | wus panggih lan kumisaris | wus winarah salingira | Panêmbahan Purbayèki ||

82. Dabalkup gêtêr tyasipun | sigra anitih turanggi | anandêr lan upasira | katiga Ki Tohjayèki | sagunging para bupatya | pasisir gya nusul sami ||

Lajêng nyandhak jilid: 21.

--- 20 : [0] ---

Isinipun

... Kaca:

119. Ngabèi Tohjaya dipun timbali wangsul dhatêng Kartasura. (Dhandhanggula). ... 12

120. Kraman ing Tambayat. Pangeran Arya Mataram ingkang jumênêng Sunan Kuning, dipun sedani wontên ing Japara. (Dhandhanggula). ... 29

121. Radèn Jimat, putra ing Madura, ngêmpal dhatêng Sultan Ibnu Mustapa ing Madiun. (Dhandhanggula, Durma). ... 37

122. Turunipun Surapati sami sowan dhatêng Panêmbahan Purubaya wontên ing Kadhiri. (Durma). ... 45

123. Pangeran Balitar inggih Sultan Ibnu Mustapa seda, sumare wontên ing Magiri. (Asmaradana). ... 48

124. Ki Martayuda kabucal dhatêng Jakarta. (Asmaradana). ... 57

125. Panêmbahan Purubaya kenging dipun bujuk, lajêng dipun dalêmakên wontên ing Jakarta. (Asmaradana, Kinanthi, Dhandhanggula). ... 66.