Sastra Jawa

Program Digitalisasi Sastra Daerah

  • Increase font size
  • Default font size
  • Decrease font size

Babad Tanah Jawi, Balai Pustaka, 1939-41, #1024 (Jilid 21)

Katalog:Babad Tanah Jawi, Balai Pustaka, 1939-41, #1024
Sambung:
1.Babad Tanah Jawi, Balai Pustaka, 1939-41, #1024 (Jilid 01). Kisah, Cerita dan Kronikal | Babad Tanah Jawi #1010.
2.Babad Tanah Jawi, Balai Pustaka, 1939-41, #1024 (Jilid 02). Kisah, Cerita dan Kronikal | Babad Tanah Jawi #1011.
3.Babad Tanah Jawi, Balai Pustaka, 1939-41, #1024 (Jilid 03). Kisah, Cerita dan Kronikal | Babad Tanah Jawi #1012.
4.Babad Tanah Jawi, Balai Pustaka, 1939-41, #1024 (Jilid 04). Kisah, Cerita dan Kronikal | Babad Tanah Jawi #1013.
5.Babad Tanah Jawi, Balai Pustaka, 1939-41, #1024 (Jilid 05). Kisah, Cerita dan Kronikal | Babad Tanah Jawi #1014.
6.Babad Tanah Jawi, Balai Pustaka, 1939-41, #1024 (Jilid 06). Kisah, Cerita dan Kronikal | Babad Tanah Jawi #1015.
7.Babad Tanah Jawi, Balai Pustaka, 1939-41, #1024 (Jilid 07). Kisah, Cerita dan Kronikal | Babad Tanah Jawi #1016.
8.Babad Tanah Jawi, Balai Pustaka, 1939-41, #1024 (Jilid 08). Kisah, Cerita dan Kronikal | Babad Tanah Jawi #1017.
9.Babad Tanah Jawi, Balai Pustaka, 1939-41, #1024 (Jilid 09). Kisah, Cerita dan Kronikal | Babad Tanah Jawi #1018.
10.Babad Tanah Jawi, Balai Pustaka, 1939-41, #1024 (Jilid 10). Kisah, Cerita dan Kronikal | Babad Tanah Jawi #1019.
11.Babad Tanah Jawi, Balai Pustaka, 1939-41, #1024 (Jilid 11). Kisah, Cerita dan Kronikal | Babad Tanah Jawi #1020.
12.Babad Tanah Jawi, Balai Pustaka, 1939-41, #1024 (Jilid 12). Kisah, Cerita dan Kronikal | Babad Tanah Jawi #1021.
13.Babad Tanah Jawi, Balai Pustaka, 1939-41, #1024 (Jilid 13). Kisah, Cerita dan Kronikal | Babad Tanah Jawi #1022.
14.Babad Tanah Jawi, Balai Pustaka, 1939-41, #1024 (Jilid 14). Kisah, Cerita dan Kronikal | Babad Tanah Jawi #1023.
15.Babad Tanah Jawi, Balai Pustaka, 1939-41, #1024 (Jilid 15). Kisah, Cerita dan Kronikal | Babad Tanah Jawi #1024.
16.Babad Tanah Jawi, Balai Pustaka, 1939-41, #1024 (Jilid 16). Kisah, Cerita dan Kronikal | Babad Tanah Jawi #1025.
17.Babad Tanah Jawi, Balai Pustaka, 1939-41, #1024 (Jilid 17). Kisah, Cerita dan Kronikal | Babad Tanah Jawi #1026.
18.Babad Tanah Jawi, Balai Pustaka, 1939-41, #1024 (Jilid 18). Kisah, Cerita dan Kronikal | Babad Tanah Jawi #1027.
19.Babad Tanah Jawi, Balai Pustaka, 1939-41, #1024 (Jilid 19). Kisah, Cerita dan Kronikal | Babad Tanah Jawi #1028.
20.Babad Tanah Jawi, Balai Pustaka, 1939-41, #1024 (Jilid 20). Kisah, Cerita dan Kronikal | Babad Tanah Jawi #1029.
21.Babad Tanah Jawi, Balai Pustaka, 1939-41, #1024 (Jilid 21). Kisah, Cerita dan Kronikal | Babad Tanah Jawi #1030.
22.Babad Tanah Jawi, Balai Pustaka, 1939-41, #1024 (Jilid 22). Kisah, Cerita dan Kronikal | Babad Tanah Jawi #1031.
23.Babad Tanah Jawi, Balai Pustaka, 1939-41, #1024 (Jilid 23). Kisah, Cerita dan Kronikal | Babad Tanah Jawi #1032.
24.Babad Tanah Jawi, Balai Pustaka, 1939-41, #1024 (Jilid 24). Kisah, Cerita dan Kronikal | Babad Tanah Jawi #1033.
25.Babad Tanah Jawi, Balai Pustaka, 1939-41, #1024 (Jilid 25). Kisah, Cerita dan Kronikal | Babad Tanah Jawi #1034.
26.Babad Tanah Jawi, Balai Pustaka, 1939-41, #1024 (Jilid 26). Kisah, Cerita dan Kronikal | Babad Tanah Jawi #1035.
27.Babad Tanah Jawi, Balai Pustaka, 1939-41, #1024 (Jilid 27). Kisah, Cerita dan Kronikal | Babad Tanah Jawi #1036.
28.Babad Tanah Jawi, Balai Pustaka, 1939-41, #1024 (Jilid 28). Kisah, Cerita dan Kronikal | Babad Tanah Jawi #1037.
29.Babad Tanah Jawi, Balai Pustaka, 1939-41, #1024 (Jilid 29). Kisah, Cerita dan Kronikal | Babad Tanah Jawi #1038.
30.Babad Tanah Jawi, Balai Pustaka, 1939-41, #1024 (Jilid 30). Kisah, Cerita dan Kronikal | Babad Tanah Jawi #1039.
31.Babad Tanah Jawi, Balai Pustaka, 1939-41, #1024 (Jilid 31). Kisah, Cerita dan Kronikal | Babad Tanah Jawi #1040.

Regi f 0.50

Babad Tanah Jawi

Jilid: 21

Bale Pustaka - Batawi Sèntrêm

--- 21 : [1] ---

Serie No. 1289t

Babad Tanah Jawi

Jilid: 21

Sinuhun Mangkurat Jawi seda, dipun gêntosi ingkang putra, jêjuluk Sinuhun Pakubuwana II

Bale Pustaka - Batawi Sèntrêm - 1940

--- 21 : [2] ---

Wêwênangipun ingkang ngarang kaayoman miturut anggêr ingkang kapacak ing Sêtatsêblad 1912 No. 600

--- 21 : [3] ---

Panêmbahan Purubaya kenging dipun bujuk, lajêng dipun dalêmakên wontên ing Jakarta

83. sira Pangran Sampang gupuh | anandêr lan pra bupati | kumisaris sampun prapta | ing Pasêdhahan abaris | sêdyage tata tabean | panêmbahan dèn tingali ||

84. barise kapang akêpung | aglis menggok kumisaris | mring barising Kumpêninya | kang anèng ngayuning masjid | marêp ngetan barisira | panêmbahan ingkang baris ||

85. majêng ngilèn sawadyèku | akapang tataning baris | Kumisaris Dulkup sira | angantya para bupati | tuwin Pangeran Madura | tan adangu sami prapti ||

86. Dulkup majêng tan asantun | para bupati tan kari | asowan mring panêmbahan | sarêng cêlak tinggal baris | piyak baris kang akapang | panêmbahan têdhak aglis ||

87. nulya têtabean gupuh | panêmbahan dèn arasi | dhatêng kumisarisira | sigra kang para bupati | samya angujung mring ngarsa | Pangran Madura tan kari ||

88. sagung para punggawèku | sadaya samya anangis | lir wanodya sêsambatnya | asambat nata kang swargi | Adipati Citrasoma | miwah Dipati Samawis ||

89. alara dènira muwus | lir wong kapêgatan èstri | tinilar ngèstri palastra | sêdhênge lagya padha sih | ri sampunira mangkana | panêmbahan dèn aturi ||

90. dhatêng loji Gêmbong [Gê...]

--- 21 : 4 ---

[...mbong] wau | lajêng sumpah aprajanji | Dulkup lawan panêmbahan | rêmbag sami dèn aturi | tumanduka mring Samarang | lajêng mring Kartasurèki ||

91. kasaru duta kang rawuh | caraka saking narpati | amundhut parenganPangeran. Jimat | timbalanira narpati | Pangran Jimat kinèn mêdal- | lakên ing dharat sirèki ||

92. ingkang lyan saking puniku | mêdala ing laut sami | anjoga nagri Samarang | sigra mangkat tan asari | anênggih Pangeran Jimat | binêktèng duta narpati ||

93. kumisaris mancal sampun | lan êmbahan Purbayèki | tuwin sira Panêmbahan | Hèrucakra datan kari | myang Dipati Natapura | miwah Radèn Surapati ||

94. myang Dyan Suradilagèku | sinangkalan angkatnèki | apan sarira sagara | karasa rupanirèki |Sengkalan: sarira sagara karasa rupa (1648 A.J.). sagung kang para punggawa | sadaya alit kang galih ||

95. de êmbahan Purbayèku | kêna ingupaya sandi | tan kawarna ing lautan | sampun prapta ing Samawis | Pangran Arya datan pisah | Radèn Mas Lindhu tan kari ||

96. wau ing sapraptanipun | panêmbahan nèng Samawis | kumisaris wus utusan | mring nagri Kartasurèki | atur uning ing narendra | sang nata gya angintuni ||

97. mori kathahe sakayuh | lan lawe pakintun aji | de kumisaris myang Amral | dahat tan anêmbadani | ing karsanira sang nata | anyedanana kang rayi ||

98. marmanya Amral tanpasung | miwah tuwan kumisaris | sangêt sami mambêngira |

--- 21 : 5 ---

mring sang natarsa nyedani | mring kang rayi panêmbahan | dene tanpa dosa yêkti ||

99. milu-milu apa iku | pan tan arsa madêg aji | ya ta rêmbagira Amral | sarta tuwan kumisaris | Panêmbahan Purubaya | binêkta dhatêng Batawi ||

100. samana katur sang prabu | yèn mangkana rêmbagnèki | kumisaris sarta Amral | pangandikaning narpati | lah iya lamun mangkana | yèn Si Purubaya mangkin ||

101. kudu dèn gawaa iku | Si Prubaya mring Batawi | iya anjurungi ingwang | amung karo anak mami | Si Lindhu lan Si Ariya | iku dèn pisaha sami ||

102. samya dèn têkakna iku | ing Kartasura dèn aglis | Amral anagahi sira | sarta tuwan kumisaris | Ratu Mas kala samana | dupi amiyarsa warti ||

103. lamun ingkang rama wau | linajêngkên mring Batawi | kalangkung rudatinira | kêdah tumut ramanèki | nanging kangjêng sri narendra | asangêt pangampahnèki ||

104. nanging panêmbahan wau | kalangkung binojakrami | dhatêng Dulkup lawan Amral | warnanên kang lagi prapti | duta saking Batawiyah | lir amawa madu gêndhis ||

145. Dhandhanggula

1. duta prapta kang saking Batawi | ngaturi Panêmbahan Purbaya | sangadi jendral ing mangke | ingkang arsa têtêmu | lan Panêmbahan Purbayèki | duta kang saking praja | Kartasura rawuh | mundhut pangeran dipatya | sigra dandan miwah kang dhatêng Batawi | sami ungkur-ungkuran ||

2. sampun [sampu...]

--- 21 : 6 ---

[...n] mancal saking ing Samawis | panêmbahan lan sawadyanira | graha lara panangise | pra punggawa angungun | ngraos lamun kêna ing sandi | upayaning Walônda | maleca ing wuwus | apan arsa angamuka | kang punggawa wus tanpa dandanan sami | dadya mupus kewala ||

3. nanging Panêmbahan Purbayèki | lampahira dhatêng ing Jakarta | kang kabêkta ing lampahe | kang maksih datan kantun | Radèn Êmas Lindhu anênggih | kabêkta mring Jakarta | dene ingkang kantun | kang nama pangran dipatya | lawan ingkang putra panêmbahan èstri | katilar ing Samarang ||

4. kaunjukakên dhatêng narpati | kala pamancale panêmbahan | saking nagri Samarange | salawe tanggalipun | nuju sasi Jumadilakir | wau pangran dipatya | linajêngkên sampun | mring nagari Kartasura | sapraptane lajêng tumamèng ing puri | cundhuk lawan sang nata ||

5. langkung onêng wau sri bupati | nanging samana kangjêng pangeran | tan animbangi karsane | taksih katrêsnanipun | dhatêng rama pamanirèki | saundurnya sing pura | pinarnahkên sampun | mondhok srimanganti wetan | wus pinanggihakên ing garwanirèki | pangeran duk dhatêngnya ||

6. nênggih saking nagari Samawis | Kumpêni kang dhèrèkkên lampahnya | pun Lutnan Simun namane | sampun ing mangkanèku | tan alami pinaring sabin | pangran dhatêng kang rama | lêlênggah wong sèwu | arya pinaringan nama | ngantukakên namanira ingkang

--- 21 : 7 ---

lami | nênggih Pangeran Arya ||

7. Mangkunagara ingkang wêwangi | ya ta wau ingkang kawarnaa | kang lumampah nglautane | samana sampun rawuh | Panêmbahan Purubayèki | nagri ing Batawiyah | lan sawadyanipun | Panêmbahan Hèrucakra | wus binucal dhatêng pulo Êkap nênggih | punika putra tuwa ||

8. dipun arani amêmarahi | dene Adipati Natapura | tanapi Surapatine | myang Suradilagèku | miwah Jaka Tangkêban nênggih | sampun sami binucal | mring Selong sadarum | Panêmbahan Purubaya | anèng bètèng alang-alang dènnya mrêgil | lan putra grahanira ||

9. Pangeran Jimat ingkang winarni | praptèng Kartasura kinunjara | pun upas lan santanane | ran Sewanagarèku | kinunjara ing gêdhong nênggih | lan Si Pangeran Jimat | pêjah ngêndhat wau | anèng jro kunjara upas | Radèn Sewanagara wus dèn luwari | sinungkên Pangran Sampang ||

126. Radèn Bêrahim turunipun Surapati, mrinani sadhèrèkipun ingkang kenging pambujukipun Kumpêni

10. binêkta mantuk mring Madurèki | kunêng sadhèrèke Surapatya | Radèn Bêrahim wastane | kang kari anèng Dhumpul | miyarsa yèn kakangirèki | binujuk ing Walônda | langkung dukanipun | mudhun saking Dhumpul sigra | padhusunan Pasêdhahan dèn [dè...]

--- 21 : 8 ---

[...n] bahaki | wong alit binoyongan ||

11. sampun agêng wau punang baris | kathah nungkul bala Pasuruan | katur ing sang nata mangke | wong môncanagarèku | gya tinuduh kinèn nglurugi | sampun prapta ing Malang | rame dènnya pupuh | Dyan Brahim karoban lawan | wus lumajar angungsi dhatêng wanadri | Dhumpul wus ingobongan ||

12. nulya mundur wong môncanagari | ngaturakên tiwas sri narendra | Brahim tan kacakup mangke | nuju ing sasi Mulud | saungkure kang sami ngungsir | Radèn Bêrahim têdhak | lan sawadyanipun | anglarag marang ing Daha | kang adarbe Kadhiri nora ngawaki | Ki Dêmang Ranuhita ||

13. ênêngakêna nagri Kadhiri | kawarnaa kangjêng sri narendra | sampun lumampah dutane | pamundhut ingkang sunu | kang kabêkta dhatêng Batawi | mring rama panêmbahan | RandyanRadyan. Êmas Lindhu | pamundhute sri narendra | mring Samarang mring Amral lan kumisaris | de putra kang tinilar ||

14. putranya panêmbahan pawèstri | kang tinilar konjuk ing narendra | punika kawangsulake | sang nata datanpayun | kêdah mundhut putra pribadi | kang kabêkta ing paman | Radèn Êmas Lindhu | samana wus ingutusan | dhatêng Amral pinundhut dhatêng Batawi | wus prapta ing Samarang ||

15. wus kabêktakakên duta aji | Radèn Êmas praptèng Kartasura | wus katur ngrama natane | langkung tustha sang prabu | aningali dhatêng ing siwi | kalangkung onêngira | wau kang winuwus | putranira [putra...]

--- 21 : 9 ---

[...nira] panêmbahan | ingkang èstri kantun sinusulênsinusulkên. aglis | mring nagri Batawiyah ||

16. praptanira nagri ing Batawi | radèn ayu wus katur samana | wau dhatêng ing ramane | êmbahan Purbayèku | langkung tustha sajroning galih | sapraptane kang putra | mangkana winuwus | Mas Brahim wau punika | duk praptane Kadhiri tan dèn lawani | mring Dêmang Ranuhita ||

17. arsa anglawana ing ajurit | Ranuhita ngraos tan kawawa | dadya lumados sêgahe | wus katur wartinipun | marang sira rêkyana patih | kalangkung merangira | dene sang aprabu | lagya ngujung mring Mataram | pangetange ki patih tiwas nglangkungi | gènnya rumêksèng praja ||

18. ki dipati sigra mêpak dasih | atanapi kang para santana | pan sami tinantun kabèh | sapa ta ingkang purun | magut yudanira Bêrahim | sagung wong Danurêjan | nênggih sami takut | ki dipati angandika | Sutayuda lan paran karsanirèki | sakèhe sanakira ||

19. samya wêdi marang Si Bêrahim | kari sira apa wani yuda | tandhing lan Si Brahim mangke | Ki Sutayuda matur | inggih purun magut ing jurit | dhatêng nagari Daha | kawon mênangipun | langkung karsaning Hyang Suksma | pan kawula aral tan sagêd amêsthi | ingkang kawula têdha ||

20. sakathahe wong môncanagari | kenginga kawula abên yuda | ki patih êntya karsane | alon wijiling wuwus | sakarsanta ingsun ngrojongi | age sira dandana |

--- 21 : 10 ---

kang kinon wotsantun | anulya sira samêkta | ki dipati utusan dhatêng Matawis | nênggih atur uninga ||

21. nulya wontên wong Kadhiri prapti | tur uninga yèn Brahim wus lunga | mantuk dhatêng Malang manèh | amondhok pitung dalu | nênggih anèng nagri Kadhiri | kawarnaa sang nata | apan sampun kondur | rêrêb anèng Kartasêkar | ingalihkên aran Madegônda nênggih | kasaru duta prapta ||

22. utusanira rêkyana patih | tur uninga yèn nagari Daha | kadhatêngan mêngsah mangke | sang nata sigra kondur | katur lamun Dêmang Kadhiri | datan nanggulang yuda | Ranuhita nutut | pun Brahim pan pitung dina | nulya kesah ki dêmang wus dèn timbali | prapta ing Kartasura ||

23. dyan pinocok Ki Dêmang Kadhiri | kang tinandur Ki Samaradana | sampun antara warsane | pêparentah sang prabu | sagung wadya môncanagari | sami kinèn gitiki | dhatêng Malang wau | punggawa pasisir sira | kang tinuduh Kyai Tumênggung Garêsik | lan Ngabèi Tohjaya ||

24. Ki Tumênggung Surabaya tuwin | ing Sidayu mêdal Pasuruan | de wong môncanagarane | samya mêdal Salawur | Radèn Brahim mêthuk ing jurit | anèng dhusun Cêmpaka- | maling wastanipun | arame dènira yuda | wadyabala pasisir kathah ngêmasi | samana Ki Tohjaya ||

25. sampun mudhun saking ing turanggi | mangsah ngrana lan sawadyanira | langkung arame yudane | Brahim ngoncati pupuh | marang wana

--- 21 : 11 ---

sigra ingungsir | sira Mas Brahim ngilang | myang sawadyanipun | sagunging para punggawa | sami mundur dhatêng ing Kartasurèki | samana sinangkalan ||

26. lawang sakawan kawayang bumi |Sengkalan: lawang sakawan kawayang bumi (1649 A.J.). wulan Jumadilawal kang warsa | Wawu sarêng praptèng mangke | Kartasura wus matur | lamun tiwas lampahing kardi | sarêng lan katurira | Mangunonêng abru | pêjah anake gumantya | kang sapalih wontên dene kang sapalih | arine Kyai Rôngga ||

27. Kaliwungu nênggih ingkang dadi | aran Ki Dêmang Suramênggala | tunggil warsa lan dhatênge | kraman ing têngah dalu | aran tiyang Nusatêmbini | Pacikêran wus prapta | kang kêmit kapangguh | nulya wau tinakonan | saking Nusatêmbini yun madêg aji | ngadhaton Kartasura ||

127. Kraman tiyang Nusatêmbini. Ingkang Sinuhun Mangkurat Jawi seda, dipun gêntosi putra ajêjuluk Ingkang Sinuhun Pakubuwana II.

28. dene wadana ingkang akêmit | nuju Tumênggung Mangunnagara | ingaturan wikan age | wus mêdal tan asantun | mring pasowan gêdhong anênggih | anulya ingaturan | wong karaman wau | dhatênga ing kapatihan | sigra panggih lawan sira ki dipati | basa gusti atanggap ||

29. dèn carani pinapag kinanthi | linênggahakên ing prangwadana | sarwi matur salamine | kula angayun-ayun | ing sampeyan lan benjing enjing | paduka madêg nata | nèng Kartasurèku | kula kang anjênêngana | mangke [mang...]

--- 21 : 12 ---

[...ke] tanggêl kang wayah sampun awêngi | angling Ki Danurêja ||

30. Sutayuda undhangana sami | baturira mangke badhe nata | sajati wus anèng kene | asaosa sêsuguh | myang gêgaman pêpêkên sami | padha sira saosa | marang ing gustimu | Ki Sutayuda tur sêmbah | wong Kadanurêjan wus pêpak ing jawi | tuwin wong Trunasura ||

31. Ki Sutayuda wikan ing wadi | amrêpêki lan wong Trunasura | ingajêngan ijèn-ijèn | nulya wau tinubruk | bakal ratu marang Ngabèi | Sutayuda priyôngga | wau kang anubruk | rowangipun tigang dasa | tiyang Trunasura ingkang anyêkêli | samya lara karuna ||

32. enjing binêkta sowan prasami | kang pêpitu ingabên lan sima | tan amawi curigane | amung gêgaman pênthung | mung saasta panjangirèki | salandheyan gêngira | dadya simanipun | pinênthungan tan tumama | nanging sima dahat tan purun nglawani | lumaywa pinênthungan ||

33. langkung suka tyasira narpati | ri sampuning ngabên lawan sima | kang pitu kabêsta malèh | dening pangajêngipun | Upagati wastanirèki | wus sami kapêjahan | kraman kang kapitu | kang kathah pan ingapura | wus nguculan de sami têtiyang ardi | kidul kerut prabawa ||

34. ri sampuning mangkana winarni | sri narendra cangkrama mring Bêtah | angunjungi sêtanane | sarawuhe sing Butuh | kacarita sri narapati | akathah putranira | èstri

--- 21 : 13 ---

kang wêwolu | ingkang jalu kalih dasa | ingkang sampun diwasa amung kêkalih | kang sêpuh Pangran Arya ||

35. Mangkunagarane kang satunggil | maksih karan Radèn Mas Sandeya | samya miyos ngampiyane | patut kang saking ratu | sêpuh kacarita kêkalih | pambajêngira priya | warnane abagus | kêkasih Dyan Prabayasa | maksih timur sampun pinaring kêkasih | pangeran adipatya ||

36. ginadhang-gadhang gumantya aji | dhatêng rama kang rayi wanodya | kalangkung endah citrane | anênggih ratu sêpuh | ri sampuning putra kêkalih | kinubon mring sang nata | kang rayi pinundhut | anênggih ratu kancana | pan jumênêng ratu kadipatèn nênggih | ngarang ulu ing raka ||

37. sampun patutan sakawan mangkin | sami priya liyane punika | sami saking ampiyane | mangkana kang winuwus | karsanira sri narapati | putranya Panêmbahan | Purbaya kang kantun | Ratu Mas kala timurnya | apan arsa tinarimakakên nênggih | dhateng Pangeran Arya ||

38. nanging karsanira sri bupati | garwa sêpuh kinèn amisaha | kang saking Kablitarane | Dyan Sasi namanipun | nanging ratu sêpuh tinari | sangêt pamambêngira | ing karsa sang prabu | yèn amisaha garwanya | Pangran Arya miwah Ratu Mas duk alit | kang arsa katrimakna ||

39. dahat pamopone karsa aji | yèn katrimakna Pangeran Arya | kathah kacipta ngunine | dadya kanggêg sang prabu | èstu karsanira narpati | mangsuli [mangsu...]

--- 21 : 14 ---

[...li] karsa lama | duk sarawuhipun | Ratu Mas kala katawan | pan pinacang Ratu Mas kalawan siwi | kang nama Dyan Sandeya ||

40. pan punika karsane narpati | kang èstu arsa pinanggihêna | nanging ngêntosi wêktune | kasaru sang aprabu | nyandhak gêrah sangêt narpati | Ki Patih Danurêja | tinimbalan gupuh | praptèng ngarsa pinitungkas | hèh apatih yèn ingsun têkèng ing jangji | sutèngong Prabayasa ||

41. sira junjunga madêg narpati | gantyanana marang jênêng ingwang | ki patih atur sêmbahe | sampun mapat sang prabu | para garwa lara anangis | gumêr sajroning pura | kang tangis gumuruh | kang layon wus siniraman | sinangkalan sirna tata obah janmi |Sengkalan: sirna tata obah janmi (1650 A.J.). layon sigra kinapan ||

42. ingkang wontên salêbêting puri | Pangeran Arya Mangkunagara | lawan Ki Danurêjane | kya patih sampun nuduh | pra punggawa kalawan katib | tuwin wong suranata | kinèn ngiring sampun | layon dalêm mring Mataram | sinarèkkên anèng satana Magiri | Kiyai Danurêja ||

43. dahat sandeyèng sajroning galih | bala kapatihan wus pinêpak | kinon baris pêndhêm bae | ki patih alon muwus | mring Pangeran Arya turnyaris | yèn sawawi ing karsa | anggèr gustiningsun | mêdala saking jro pura | yèn paduka akarsa jumênêng aji | anggantyani ing rama ||

44. mêdala saking pura dèn aglis | pan kawula dèrèng pirêmbagan | lawan sagung punggawane | lan dèrèng pracayèngsun |

--- 21 : 15 ---

dhatêng tuwan jendral Batawi | ya ta Pangeran Arya | tan wiang ing kayun | sampun miyos saking pura | korinipun anulya agya kinunci | marang Ki Danurêja ||

45. sigra wau rêkyana apatih | animbali sagung pra punggawa | adhêdhêmitan lêbune | myang Pangran Madurèku | sampun prapta ing dalêm puri | punggawa Kartasura | tan ana kang kantun | andhèr anèng kênya pura | Adipati Danurêja ngandikaris | sanak-sanak manira ||

46. manira jaluk pikire sami | kang sayêkti lah kabèh matura | sampun wontên kêkêlire | punggawa saur-manuk | datan wontên kang darbe pikir | môngsa-borong paduka | botên kenging matur | môngsa sampeyan suwênga | saking wêwêlinge sinuhun kang swargi | angling Kya Danurêja ||

47. êggèh bênêr panarkane sami | lagya mangkatkên karsa manira | Pangeran Madura ture | yèn sawawi ing kayun | lêhêng putra sêpuh kinardi | Kangjêng Parèn Arya |Kurang satu suku kata: Kangjêng Pangeran Arya. mêngkua kaprabun | lamun paduka karyaa | para putra kang taksih sami taruni | ing pandugi kawula ||

48. tan wande karya rêngkaning bumi | bilih botên tajêm kang parentah | apan taksih sami rare | tan wruh ing awon ayu | lamun darbe karsa narpati | yèn tan linampahana | parentahing prabu | lamun rinojong kang karsa | ratu anom tan ajêg karsanirèki | karya rêngkaning praja ||

49. Ki Jayaningrat sigra nauri | Pangran Arya yèn karyanên [karyanê...]

--- 21 : 16 ---

[...n] nata | kirang apêkik citrane | lan wijiling wong dhusun | naking bibi desa sayêkti | Rahadèn Mas Sandeya | pêkik warnanipun | nadyan sami ampiyana | ingkang bibi nênggih anaking dipati | pamambêng Sindupraja ||

50. lan malih ragi sêpuh sakêdhik | suwawi jinunjung dadya nata | pan puniku prayogane | pangeran dipatyèku | inggih yêktos aibusori | tur kinudang ing rama | gantyani kaprabun | nanging timur yuswanira | dèrèng pantês siniwakèng pôncaniti | kalangkung timurira ||

51. ki apatih tan rêmbag ing kapti | ingkang pikir pan tanpa dadia | sampun sami bubar age | nênggih gantya sadalu | pra bupati Kartasurèki | pinundhutan capira | mring ki patih wau | wus tumrap munggèng ing sêrat | rinarèntèng ki patih munggèng ing nginggil | capnya para wadana ||

52. munggèng andhap kang sêrat wus dadi | sagung niyaka rêmbag sadaya | kang duta lumaksanage | marang Batawi gupuh | apracayèng marang radpêni | miwah gurnadur jendral | ri kya patih muwus | marang sagunging punggawa | Kartasura mundur saya bêbingungi | rèhe Dipati Sampang ||

53. myang Jayaningrat yèn ingsun pikir | amaoni kodrating pangeran | nêhêr pangran dipatyage | ngaturan mring kadhatun | dyan ingumumkên palkat nganti | srat saking Batawiyah | tan alami rawuh | Kumêndur Rektop Diansah | kang ambêkta wus budhal saking Samawis | praptèng ing Kartasura ||

--- 21 : 17 ---

54. cundhuk lawan rêkyana apatih | dina Soma pangeran dipatya | siniwi ing punggawandhèr | wong papradikan pênuh | para tapa ngulama kaji | kinêrig ngèstrènana | ing sang madêg ratu | ya ta sampun ingèstrènan | jêng pangeran dipati umadêg aji | mêngku ing nuswa Jawa ||

55. Dyan Ngabèi Tirtawigunaglis | amaos srat saking Batawiyah | gurnadur jendral jangjine | ri sampunnya agupuh | kyana patih ngaras padaji | nyungkêmi sah karuna | sawusnya mangujung | gantya sagunging punggawa | kumarutug ing jêngira narapati | mabukuh ngaras pada ||

56. myang sagunging punggawa pasisir | môncanagara ngujung sadaya | sigra Kumpêni urmate | mariyêm gumarudug | kadya bêlah ingkang pratiwi | awanti drèl sênapan | anglir rug kang mèru | samana wus sinangkalan | tunggil lawan kang rama sri narapati | sedane duk ingetang ||

57. sirna tata angrasani nabi |Sengkalan: sirna tata ngrasani nabi (1650 A.J.). kala Radèn Êmas Prabayasa | Pangeran Dipati Anèm | ingadêgakên prabu | anèng Kartasura nagari | gumantya ingkang rama | ing jêjulukipun | Susunan Pakubuwana | Senapati Ngalaga Ngabdurahmani | Sidin Panatadinan ||

58. gurnadure ing nagri Batawi | anuju Jendral Matiyus Daham | Pakênir pan dhirèkture | punika idlèr sêpuh | pamungkase bicara sami | dene nagri Samarang | kang dadya kumêndur | anuju Rektop DuansahDiansah. | Kartasura kang jaga kapitanèki | Kostêr

--- 21 : 18 ---

Kapitan tuwa ||

59. suyud asih wadya sanagari | Patih Adipati Danurêja | rêmpêg sagung punggawane | ing pasisir sumuyud | pra dipati môncanagari | tan ana kang sumêlang | dene sang aprabu | taruna pêkik kang warna | pramèswari wirayat kang dèn èstoni | putra Kapurabayan ||

60. panggih kadang jêng sri narapati | sêmbadane kalawan sang nata | rêspati kawingitane | pinuji ing wadyagung | nata lawan sang pramèswari | pantês ingkang wirayat | ana sêmunipun | samana kang pra dipatya | wêdi asih de rama eyang ing nguni | datan kadya sang nata ||

61. gih kêkadang sami pêkik-pêkik | ingkang sampun bawani diwasa | kadange kang sêpuh dhewe | kang sampun alêlungguh | duk jênênge kang rama swargi | nama Pangeran Arya | Mangkunagarèku | kang rayi-rayi sadaya | sami timur tuwin kang madêg narpati | taruna lêt sakawan ||

62. Pangran Arya kang rayi pawèstri | dèn ajêng dèwi nuntên arinya | Dèn Ajêng Aminah rane | nuntên kang rayi jalu | Radèn Êmas Sandeya nênggih | jalu malih arinya | Radèn Êmas Rêgu | anuntên kang madêg nata | nuntên ingkang ngandhape sri narapati | jalu Dèn Mas Utara ||

63. nuntên kang ari pawèstri malih | tunggil ibu kalawan sang nata | Dèn Jêng Siti Sundarine | anuntên arinipun | èstri malih Dèn Ajêng Brangti | nulya kang rayi priya | parab Dèn Mas Lindhu | Radèn Mas Subêkti nama | ari malih [ma...]

--- 21 : 19 ---

[...lih] Radèn Mas Subrôngta nênggih | kang rayi malih priya ||

64. ingkang anama Radèn Mas Sêkti | nuntên Rahadèn Êmas Sujana | amung cinatur urute | anèm lan sêpuhipun | apan sami sanès kang bibi | wontên kadang anunggal | nênggih ibunipun | nuntên Radèn Mas Sujana | ing urute ngandhape Radèn Mas Sêkti | Radèn Êmas Sujana ||$ suraosipun pada punika ruwêd.

65. nuntên urute arine malih | Radèn Êmas Karaton punika | nuntên Radèn Mas Pamade | pawèstri arinipun | Radèn Ajêng Tajêm kang nami | Dèn Ajêng Intên rinya | nulya rine jalu | nama Radèn Mas Surata | ari malih jalu nama Dèn Mas Yadi | kang rayi malih priya ||

66. Dèn Mas Langkir arine pawèstri | Rahadèn Ajêng Umik arinya | Radèn Mas Gêntêr namane | nuntên ing urutipun | Radèn Êmas Sunaka nênggih | nuntên èstri arinya | panêngêranipun | Dèn Ajêng Jumantên Endah | pamêkase priya nama Dèn Mas Sardin | dèn mas ing Kurawanan ||

67. jangkêp nêmlikur kadang narpati | èstri wolu kang jalu wolulas | nanging sêmana jênênge | sampun jangkêp sataun | yèn kalane miyos tinangkil | tan arsa munggèng dhampar | nèng pangrawitipun | mung lante lawan kasuran | Kyana Patih Danurêja angaturi | nanging datan dhinahar ||

68. lênggaha dhampar lamun tinangkil | sri bupati angandika iya | nanging maksih ngandhap gène | nulya

--- 21 : 20 ---

grahitanipun | Danurêja Rêkyana Patih | taha maring kang raka | iku sêmunipun | bubare nangkil ki patya | lajêng dhèrèk sarêng lawan sang apêkik | praptèng dalêm kariyan ||

69. langkung gupuh atamian patih | sawusira tata dènnya lênggah | Pangran Arya andikane | uwa paran kang prêlu | alon matur abisik-bisik | Dipati Danurêja | anggèr milanipun | pun uwa adharakalan | aprakawis rayi paduka sang aji | tan arsa munggèng dhampar ||

70. sampun lami inggih yèn tinangkil | botên purun alênggah amparandhamparan (dan di tempat lain). | amung kasuran linante | kang tinaha puniku | mung paduka anggèr sayêkti | pênêdipun sampeyan | kang darbea atur | ambêktaa ing kawula | mangke dalu paduka kula aturi | têdhak wisma pun uwa ||

71. inggih anggèr akathah pinikir | rayi paduka sri naranata | dèrèng darbe karsa mangke | Pangeran Arya gupuh | inggih uwa ing mangke latri | kula mring kapatihan | ki apatih dhêku | lajêng pamit kyana patya | praptèng dalêm ya ta kawuwus ing wêngi | Pangeran Arya prapta ||

72. gupuh mêthuk sira ki apatih | tundhuk anèng jroning paregolan | ingaturan mring gêdhonge | wusnya tata alungguh | alon matur rêkyana patih | anggèr ing benjang enjang | kawula pukulun | sowan bêkta tur sampeyan | manjing pura lan malih ingkang pinikir | rayi-rayi paduka ||

73. ingkang jalu miwah ingkang [ing...]

--- 21 : 21 ---

[...kang] èstri | akramia kang jalu sadaya | pinacah kasatriyane | ingkang èstri pukulun | tinarimakakên bupati | inggih ingkang prayoga | anggèr ingkang patut | kinanthi rumêksèng praja | sukur lamun sami santana marêngi | kang pantês tinariman ||

74. inggih ingkang prayoga kinanthi | Pangeran Arya Mangkunagara | mèsêm aris andikane | uwa langkung panuju | aprayogi tan wontên sisip | botên mawi sumêlang | kula pan jumurung | rumat kabèh kang rinêmbag | sawusira tata sira kundur pamit | pangran raka sri nata ||

128. Ingkang Sinuhun têdhak ing dalêmipun ingkang raka Pangeran Arya Mangkunagara

146. Sinom

1. ing dalu kang kawursita | ya ta kawuwusa enjing | Kyana Patih Danurêja | sowan marang jroning puri | prapta ing srimanganti | sampun nyanthèlakên atur | wus katur ingandikan | lumêbêt rêkyana patih | sapraptane ing ngarsanira sang nata ||

2. kyana patih matur nêmbah | pukulun sri narapati | raka paduka Pangeran | Arya Amangkunagari | wau dalu nêdhaki | wisma kawula pukulun | aturipun pun kakang | paduka lamun tinangkil | mila datan arsa lênggah ing amparan ||

3. sangêt turipun pun kakang | tampinên andarajati | ratu wontêna tinaha | pan kalipah ing Hyang Widi | dene yèn tan tinangkil | taklima ing kadang sêpuh | yèn wontên jroning pura |

--- 21 : 22 ---

pun kakang botên mangêni | yèn tinangkil saru wontêna tinaha ||

4. lan malih kang para kadang | sadaya ingkang jalwèstri | nuntên pinakramakêna | pinacak satriya sami | miwah kang èstri-èstri | pun kakang sangêt turipun | nuntên katarimakna | bupati ingkang prayogi | sri narendra miyarsa mèsêm ngandika ||

5. wa patih ingsun ing benjang | amêng-amêng têdhak mami | mring dalême kangmas Arya | undhangna kang pra dipati | kya patih nêmbah mijil | sapraptaning jawi ngutus | sigra mring Pangran Arya | tur tupiksa yèn kang rayi | sri narendra têdhak dalême kang raka ||

6. lan bupati ingundhangan | kêbayane wus lumaris | anggili ambêkta kajang | ing kariyan dèn tarubi | wit galedhegan jawi | prapta palataranipun | sadalu nulya rumat | ginarap wong sanagari | ing enjinge têdhake sri naranata ||

7. kya patih lan pra dipatya | wus panggih kariyan sami | wadana macapat samya | kang umiring saking puri | wadya kaparak sami | lan gêdhong umiring prabu | prapta dalêm kariyan | kang raka mêthuk ing jawi | sapraptane kalangkung sinungga-sungga ||

8. sinêngkalan nênggih rupa | pandhawa kawayang janmi |Sengkalan: rupa pandhawa kawayang janmi(1651 A.J., 1726/1727 A.D.). samana Pangeran Arya | ginêlar kagunganèki | sanadyan jroning pêthi | binuka sadayanipun | supaya kinarsakna | marang kang rayi narpati | tiningalan kabèh jro dalêm kariyan ||

9. nanging tan ana ngandika | dangune sri narapati | anèng dalême kang raka | pukul wolu

--- 21 : 23 ---

praptanèki | sadintên ki apatih | naoskên padhayanipun | ing pukul satêngah pat | kondure sri narapati | Pangran Arya sawarnine kang kagêngan ||

10. ingkang tilas tiningalan | wau mring ari narpati | sinaosakên sadaya | anggili manjing jro puri | kathah awarni-warni | turôngga lan gangsanipun | kang sami tiningalan | sanjata lus lan jêmparing | akalihan kuda wêwinih sêsanga ||

11. tumbak lulut tuwin samya | kawan dasa miwah malih | tumbak pèlèt kawan dasa | tuwin kang sajroning pêthi | kang sami dèn tingali | sinaoskên sadaya wus | kunêng ing pêndhak dina | saking kariyan sang aji | para kadang sadaya jinunjung lênggah ||

12. Radèn Mas Sandeya nama | nênggih Pangeran Ngabèi | Radèn Mas Rêgu anama | Pangeran Danupayèki | pan Radèn Ajêng Dèwi | tinarimakakên sampun | Barêbês Suralaya | Dèn Ajêng Aminah nuli | pinaringkên Lèpèntangi Kyai Rôngga ||

13. Pangeran Ngabèi krama | lan ari sang pramèswari | sami putri Purubayan | Dèn Ajêng Gelang namèki | Pangran Danupayèki | dènira akrama antuk | putri Adipasanan | Dèn Mas Utara wus nami | Pangran Martasana sampun katariman ||

14. mapan sami arinira | pramèswarinira aji | Dèn Ajêng Jèmblêm namanya | Dèn Ajêng Siti Sundari | pinaringkên Dipati | Cakraningrat Madurèku | Dèn Mas Subêkti nama | Pangran Arya Pamot nênggih | ngambil garwa sutanira Natayuda ||

--- 21 : 24 ---

15. nênggih wadana Bumija | dène ta Dèn Ajêng Brangti | krama tuk sanaking-sanak | sutane Mangkuyudèki | ingkang patutan putri | Radèn Sukrama ranipun | Dèn Mas Sêkti anama | Pangeran Buminatèki | wus akrama lan putri ing Kablitaran ||

16. Dèn Ajêng Tambêlèk nama | kang rayi Dèn Ayu Sasi | kang kagarwa Pangran Arya | Dèn Mas Sujana kang nami | Pangeran Mangkubumi | antuk putri ing Madiun | Dèn Ajêng Manik nama | kang kaboyong duk ing nguni | jalu kalih kang pawèstri mung satunggal ||

17. kang jalu Radèn Sudarma | Radèn Sawaka satunggil | sami wontên jroning pura | winor panakawan alit | namung Dèn Ajêng Manik | diwasa pinundhut mantu | antuk Dèn Mas Sujana | Pangeran Amangkubumi | liya ingkang punika kang pra santana ||

18. sami dèrèng cinarita | nênggih dènira akrami | wontên kang sêlir dèn ningkah | dènnya sami dèn langkahi | karsaning sri bupati | kang rayi èstri puniku | tinarimakkên nulya | Dèn Ajêng Tajêm wus panggih | lawan Radèn Ratmaja pulunanira ||

19. adipati ing Santênan | Dyan Arya Pamêgatsari | Dèn Ajêng Umik punika | tinarimakakên inggih | wiji ing Dêmak nguni | Radèn Hèrmaya ranipun | lajêng jinunjung lênggah | pinaring Dêmak sapalih | sinung nama Dèn Tumênggung Suranata ||

20. samana sri naranata | utusan marang Batawi | akathah pasungsungira | sutane Rêkyana Patih | Danurja [Da...]

--- 21 : 25 ---

[...nurja] kang tinuding | pan mantri pawingkingipun | ran Rôngga Wirakrama | ing nguni ran Cakrakrêti | pan ingakên mantrinira sri narendra ||

21. alami tan wontên prapta | mèh pinaido ing batin | nulya malih sinusulan | mantri dalêm kang tinuding | Jayasônta Ngabèi | lawan malih kanthinipun | Radèn Suraprameya | prandene mêksa tan prapti | duk samana kêna ingèsêm-èsêman ||

22. pangeran ing Cakraningrat | lan Jayaningrat ngèsêmi | lah iku Ki Danurêja | Ki Besan Kasandhungtêki | gawe ratu putraji | têka amilih kang timur | têgêse batin uga | pan dadi ratu pribadi | Ratu Timur dèn obat-abitkên kêna ||

23. dadya tyase pra dipatya | de sami duta tan prapti | mangkana ki adipatya | pra santana wus binagi | sabin Pangran Ngabèi | Pangran Buminata nyèwu | dèrèng pacak wadana | mung Pangeran Arya maksih | pangidhêpanira sagunging santana ||

24. praptèng Rôngga Wirakrama | saking nagari Batawi | lan Ngabèi Jayasônta | Radèn Suraprameyèki | praptane antuk kardi | pan ambêkta layonipun | Panêmbahan Purbaya | sarayatipun tan kari | ing praptane sarêng ing asmarèng laga ||

147. Asmaradana

1. anuju Ki Adipati | Danurêja mring Samarang | pan kadya sabên lampahe | antukira pan sarêngan | pan saking Batawiyah | ing Kartasura wus rawuh | Adipati Danurêja ||

2. langkung katrima ing aji | sira Rôngga Wirakrama |

--- 21 : 26 ---

sampun jinunjung lênggahe | dadya wadana macapat | wontên ing gêdhong kiwa | Sumabrata kang jinabut | kagyat wadana jro samya ||

3. Dêmang Urawan lan malih | Ki Ngabèi Wirajaya | tuwin Mangunnagarane | tan wontên sinungan rêmbag | pocote Sumabrata | dene kang kinarya iku | sawingkinge ki apatya ||

4. lawan sinungan kêkasih | Tumênggung Nitinagara | gêdhong kiwa wadanane | sêmbah tinata kawayang | bumi sangkalanira |Sengkalan: sêmbah tinata kawayang bumi (1652 A.J., 1727/1728 A.D.). parêng lawan sedanipun | inggih Pangran Buminata ||

5. kang ginêntosakên linggih | kang rayi panênggakira | nênggih Radèn Mas Karaton | nama Pangran Buminata | kang rayi sinung nama | Dèn Mas Pamade puniku | Pangeran Arya Mataram ||

6. Dèn Mas Surata ingaksi | anama Pangeran Rôngga | Dèn Mas Yadi kêkasihe | Pangran Silarong punika | Dèn Mas Subrôngta nama | Pangran Balatèr apagut | dene Radèn Mas Sunaka ||

7. nama Pangran Singasari | Radèn Mas Langkir sinungan | Pangran Prangwadana rane | radèn mas ing Kurawanan | Dèn Mas Sardin punika | sampun sinungan jêjuluk | pangeran ing Dipasônta ||

8. Radèn Mas Gêntêr namèki | Pangeran Arya Panular | wus têlas kadang sang katong | nama pangeran sadaya | ing nguni cinarita | duk sang nata ibunipun | duk lagya kalih patutnya ||

9. kalawan sri narapati | susunan prabu anulya | kang garwa lajêng kinêbon | arining ratu wanodya | kinarsakên [kinarsa...]

--- 21 : 27 ---

[...kên] samana | dadya manjing Ngarangulu | ratu kadipatèn nama ||

10. sakawan putranirèki | tur sami priya sadaya | pêkik warnane kinaot | Radèn Mas Sêkti kang tuwa | dene ingkang panênggak | Dèn Mas Karaton winuwus | Dèn Mas Pamade rinira ||

11. Dèn Mas Sunaka wuragil | kalangan sang nata seda | mila ratu kadipatèn | tanggung atilar ing priya | wau ta putranira | Panêmbahan Purbayèku | kêkalih kang sami priya ||

12. Dèn Mas Umbaran namèki | Radèn Mas Kêtug arinya | kang sêpuh sinung namane | Rahadèn Purwakusuma | Dèn Mas Kêtug anama | Radèn Purwawijayèku | winor lan para santana ||

13. sadaya wus sinung linggih | nigangatus pra santana | mung Pangeran Arya Pamot | kang kawan atus priyôngga | lan Pangran Danupaya | kang sami angawan atus | kang limang atus sakawan ||

14. Pangeran Martasanèki | Pangeran Arya Mataram | Pangeran Mangkubumine | lan Pangeran Singasêkar | santana kang sakawan | punika anglimang atus | sadaya tri atus samya ||

15. mangkana arjaning bumi | prajadi ing Kartasura | langkung wingit narpatine | dene akondhang santana | sami pêkik utama | tuwin santana kang sêpuh | bagus aruruh jatmika ||

16. eram sagung pra dipati | pasisir môncanagara | durung tumon salamine | kang rama miwah kang eyang | maksih asri ing mangkya | kathahe santananipun | pangungune pra dipatya ||

--- 21 : 28 ---

17. lamun tulusa sang aji | pamêngkune mring santana | iya ta sapa tandhinge | lamun punggawane bisa | mirapêt ing santana | Balambangan botên wurung | kakukup mring Kartasura ||

18. lir panjrahing puspitasri | amrabani diwangkara | lir sari sataman abyor | yèn sang nata miyos watang | tuhu kadya rinêngga | kumala ing ngalun-alun | naput sunaring baskara ||

19. pira-pira pra dipati | pasisir môncanagara | miwah ing praja mantrine | ing byantara kèh winarna | ingkang munggèng turôngga | sadaya tinon pan koyup | ing pêkike pra santana ||

20. tan mantrèng madyapadèki | lir yangyang mara bawana | prabaning santana tinon | pantês langlang endraloka | mangunêng janaloka | êla-êla kang andulu | anglir patah patêmbayan ||

21. ujwala mrabangkaradi | warti kadi bangun kapat | kang pra santana kang tinon | môngka dêdipaning praja | sêngkanging ôntariksa | rêsmining môndra mandanu | asmara ing tri buwana ||

129. Miyosipun Radèn Mas Said, Pangeran Arya Mangkunagara dipun kendhangakên

22. ingkang kawuwusa malih | anênggih Pangeran Arya | Mangkunagara putrane | cinatur sampun akathah | pêpitu cinarita | ingkang saking garwanipun | garwane kang sami kadang ||

23. apan Radèn Ayu Sasi | apêputra tiga priya | Dèn Mas Umar [U...]

--- 21 : 29 ---

[...mar] pambayune | pinundhut mring ari nata | pan kinarya lanjaran | pan pinutra putra dhanu | rinaja praja manggala ||

24. dene kang panênggak sami | jalu sami sinung parab | Radèn Mas Said namane | punika duk kala babar | nuju gêrah kang eyang | kang pra dipatya atugur | myang patih santana putra ||

25. Pangeran Arya ing nguni | duk kala amakajangan | undur babare garwane | miwah sagung pra dipatya | kathah saos kariyan | tuwin prasamya tur-atur | saos saking pakajangan ||

26. sagarwa kang pra dipati | praptaning dalêm kariyan | winuni kala babare | Ngahad Manis wulan Arwah | parêng tanggal kaping pat | Jimakir wuku Wrigagung | ingaran sêngganing praba ||

27. artine gêrah ing nguni | sinuhun prabu kang eyang | sampun ginantung wahyune | ratu grah sangêt nora sah | yèn nindakna parentah | mila kang wahyu ginantung | sêndhul wontên kang ambabar ||

28. kang darah jêng sri narpati | marma ran sêngganing praba | yèku musthikaning wêton | marma kathah kang ambatang | dadya prajurit mukya | ibnu surayaning ratu | môngka manggalaning aprang ||

29. langkung sukane tan sipi | Pangeran Arya samana | kang putra samya binadhe | dening para adipatya | tuwa-tuwa kang mêca | mangkana malih winuwus | sawusnya puput kang putra ||

30. wangsul makajangan malih | pra santana tuwin putra | ing pagêlaran makuwon | dening sagung pra dipatya | ing pasowane samya | kubêng munggèng alun-alun |

--- 21 : 30 ---

winangsulan kang carita ||

31. Jêng Pangeran Arya nênggih | Mangkunagara kang putra | saking garwa Madurane | Radèn Ayu Ragasmara | suta Cakradiningrat | kang pêjah nèng kapal ngamuk | kêkalih ingkang patutan ||

32. kang sêpuh Radèn Mas Ali | kang rayi lêt kang wadonnya | Dèn Ajêng Dhoplang namane | kalih kang saking ampeyan | nama Dèn Mas Ambiya | ingkang rayi malih jalu | kang nama Radèn Mas Sabar ||

33. malih mijil saking padmi | Radèn Mas Sakadi nama | kalangan seda ibune | Dèn Ayu Wulan konduran | kang putra tumut seda | Dèn Mas Sakadi waruju | orêg tyas Pangeran Arya ||

34. dening kang garwa pinadmi | tur kadang atilar putra | sungkawa pra santanane | miyat rêntênge kang raka | layon sampun pinarnah | ing Magiri kang lumaku | Ngabèi Asmaradana ||

35. kaliwon kaparak kering | lan Dêmang Jayasamodra | ingkang sami dhèrèk layon | kaliwon jawi têtiga | ngungun ingkang miyarsa | tuwin kang êmbah wêtu luh | Jêng Ratu Pakubuwana ||

36. apan ta maksih mêningi | Jêng Ratu Pakubuwana | duk punika pamundhute | putrane ingkang sapihan | Radèn Mas Pêksi nama | binêkta marang kadhatun | tinunggilakên kang raka ||

37. kang sampun pinundhut nguni | kang ayuswa tigang warsa | Dèn Mas Umar nèng kadhaton | mangkana duk praptanira | ingkang amundhut putra | nênggih Nyai Buratsantun | sang nata nuju alênggah ||

38. lawan [la...]

--- 21 : 31 ---

[...wan] ingkang êmbah nênggih | Jêng Ratu Pakubuwana | nuju mangku sang akatong | ing putra Radèn Mas Umar | ing keri garwanira | ing wuri manggung katanggung | ing ngarsa angraras driya ||

148. Mijil

1. angandika alon sri bupati | ing kono sutèngong | kayaparan kang êmas tingkahe | matur nêmbah Nyai Buratwangi | botên anauri | nênggak waspa dhêku ||

2. sun tandhinge iki bagus êndi | pêpulunan ingong | nulya kang êmbah anyandhak age | kaki prabu kang tuwa sirabil | ingsun kang taruni | dhêku sarwi nuhun ||

3. aturira mring eyang sang aji | sumôngga kemawon | ingkang eyang alon andikane | ingkang anom bae anèng mami | kang tuwa pan uwis | anèng kaki prabu ||

4. ingkang wayah buyut pan liningling | sarwi munggèng pangkon | wus binêkta kondur mring dalême | sri narendra gupuh anêdhaki | sagarwa myang cèthi | gumrubyug tumurun ||

5. ri wus tabah kang eyang anuli | wangsul sang akatong | gènnya wau munggèng dalêm gêdhe | kawuwusa kang kataman kingkin | rontog tyase kadi | rinêmpak marêmpu ||

6. tanpa jêjêt rujit lir jinait | tyas kakênan kepon | rangu-rangu tan ruruh arongèh | kadya kapingkêl mangkêl ing galih | anglês garwa lalis | putra tan kadulu ||

7. wibuh kambah rudah amimbuhi | barubah tanpandon | kadya rantas kentas raras rume | Pangeran Arya Mangkunagari | tyasira tan aring | mirong amirangu ||

--- 21 : 32 ---

8. kapiranguning wardaya kadi | umiring kang layon | anon mamringe padalêmane | datan kêna pinancas tyasnèki | kadya lêlananis | ngênês miyat sunu ||

9. sanalika èngêt maring wingit | yèn karsa Hyang Manon | tan ana kang kasupèn sipate | sapa luputa wêkasing pati | sirik yèn saksêrik | tan suka kasiku ||

10. èngêt lamun kadange narpati | sinatriya kaot | tanpa ugêr gugur ing garwane | emut ing titah rêna ing takdir | yèn pati lan urip | kagungan Hyang Agung ||

11. dadya tan purun dhahar sang pêkik | nênggih cinariyos | sawusira ing kawan dasane | nulya tapak sowan Sênèn Kêmis | pawatangan mijil | apan sabên Saptu ||

12. duk samana ing alami-lami | panjanging cariyos | Jêng Pangeran Ariya dhudhane | garwa kêkalih sami ngêmasi | arsa krami jawi | tan antuk panuju ||

13. apan wontên têlêngirèng galih | nanging jro kadhaton | têtilasan kang rayi garwane | pêpundhutan saking ing Samawis | Karang wijilnèki | Lampèr wetanipun ||

14. Dêmang Kramayuda kang siniwi | pinundhut sang katong | paranakan Cina biyangane | mila kuning-kuning nêmu giring | wus dadya kêkasih | dènira sang prabu ||

15. mangkya kinubon marang sang aji | lami tan winawoh | pan punika dèn suwun badhene | pêpantaran kawêntar kang warti | tinarka wus jangji | bisaning wêwadul ||

--- 21 : 33 ---

16. kintun-kinintunan kathah warti | sinjang lan kêkonyoh | dadya atur mangkana cature | tur kaliru ingkang amastani | pan sinjang ing nguni | ingkang akêkintun ||

17. panêmbahan duk dèrèng ngêmasi | lurik Bantên kaot | maksih ana ngalang-alang bètèng | kinintunkên sakêbar kang lurik | saking ing Batawi | mring Kartasurèku ||

18. marang Ratu Kancana satunggil | dene kang sawiyos | mring kang putra Pangeran Aryane | tan angrasa pulunanirèki | putrane sayêkti | ing panganggêpipun ||

19. kala kanggêpipun bok Samawis | sinihan ing katong | Ratu Kancana ngambil manahe | pinaringkên sinjangira lurik | tan wontên udani | wong dalêm kadhatun ||

20. juru têlike sri narapati | ngawag tan waspaos | atur lamun wus urup sinjange | ingaturkên dènnya wanuh lami | sinjang kang tinitik | têlik aturipun ||

21. nuju marêk ngangge sinjang lurik | sang nata duk anon | nêtêpakên juru têlik ture | nanging ginêgêt sinamar wingit | tan antara lami | nuntên canthèl atur ||

22. ingkang raka anuhun pawèstri | mring ari sang katong | winastanan punika wastane | dadya mêcah dukaning narpati | kadya raup gêtih | jaja sumung-sumung ||

23. kêjot kumitir padoning lathi | tyasira lir kobong | lamun ugi katingala mangke | lali kadang tuwa anêkani | ing asta pribadi | winot nuntên [nu...]

--- 21 : 34 ---

[...ntên] emut ||

24. lamun awawrat garwanirèki | milanipun alon | wayang-wuyung langkung prihatine | kapiyarsa marang ki apatih | yèn nata prihatin | ngantêp dukanipun ||

25. ingampêt-ampêt yayah kadya gring | jaja lir malêdhos | kyana patih angontog runtike | arsa kinasap siku nagari | dadya maekani | animbali gupuh ||

26. Adipati Cakraningrat prapti | ki patih lingnyalon | pangran benjing enjing Kêmis Wage | dika sandhing Pangran Arya linggih | andika dhawuhi | dhuwunge pinundhut ||

27. Radèn Natawijaya winêling | akarya pirantos | kunêng dalu wuwusên enjinge | praptèng loji wus kacêpêng nênggih | ginusah wadyèki | pangeran tinukup ||

28. ing kariyan sampun dèn jarahi | wus sami binoyong | putra-putri kalawan cèthine | kabèh sampun manjing jroning puri | kagyat sanagari | prasamya angungun ||

29. gara-gara pôncawora tarik | sindhungriwut awor | prakampita udaya gora rèh | gêtêr-patêr dhèdhèt erawati | kadya ruging wukir | agranya gumuntur ||

30. sanagara akèh kang wiyadi | karsaning sang katong | kayaparan sagung punggawane | nora bisa angambêng-ambêngi | susah sanagari | mangkana winuwus ||

31. pawèstrine sampun dèn pêjahi | pangeran wus kinon | binucala kinèn nabrangake | wus binêkta marang ing Samawis | bupati kêkalih | kang angirid laku ||

--- 21 : 35 ---

32. Radèn Natawijaya satunggil | lan wadana gêdhong | Ki Tumênggung Nitinagarane | binêktanan sêlire kêkalih | pawongane katri | satunggil kang sunu ||

33. panakawan sakawan lit-alit | katri kang wus uwong | sakawane lawan pêpatihe | Ki Mas Sumawijaya namèki | praptaning Samawis | linajêngkên sampun ||

34. sapraptane nagari Batawi | Kumpêni pakewoh | sumêlange tan tinêbihake | kinèndêlakên nagri Batawi | manawi sang aji | duk kaburu nêpsu ||

35. benjing emut sampun kongsi têbih | pamundhut sang katong | sêdhêng lêjar marang ing kadange | têtêp maksih kèndêl ing Batawi | mangkana winarni | ing sapungkuripun ||

130. Patih Danurêja kautus dhatêng Batawi

149. Pangkur

1. kang raka Pangeran Arya | Jêng Ratu Mas ambabar miyos èstri | Jumuwah Kaliwonipun | Sawal kaping sawêlas | taun Ehe parêng ki patih ingutus | akathah bêbêktanira | Danurêja mring Batawi ||

2. punggawa ing Kartasura | tan ambêkta amung lêlurah carik | Kyai Tirtawigunèku | pasisir kang ginawa | kaliwone kang pra dipati ing Kudus | Ki Arya Jayasantika | miwah kaliwon kang kèri ||

3. Tumênggung Batang binêkta | budhal saking nagari dina Kêmis | Sura kaping pitulikur | salin taun Jimawal | langkung kathah ki patih [pa...]

--- 21 : 36 ---

[...tih] bêbêktanipun | duk samana sinangkalan | mantri gangsal ngrasa wani ||Sengkalan: mantri gangsal ngrasa wani (1653 A.J., 1728/1729 A.D.).

4. pitung dina nèng Samarang | lajêng layar marang nagri Batawi | kêras pamukuling timur | lampahe kyana patya | antuk angin patang dina praptanipun | muara Batawi mirsa | pratôndha mariyêm muni ||

5. Jendrale Matius Daham | akèn mêthuk duta rajèng Matawis | pêpatihe kang lumaku | Amral ingkang lumampah | Jakup Bèlêm Pan Drèn lawan kanthinipun | Kumisaris Mênir Patras | lan Mayor Pagêr tut wuri ||

6. Petor Ukman Ondêr lawan | Mayor Simun ing Kartasura nguni | duk kala kapitanipun | miwah Kapitan Timah | Têsir Jongkok lawan Mayor Ondêrdiprus | kapitan lumayu ngarsa | wus panggih lan ki apatih ||

7. minggah ing baitanira | langkung urmat binêkta kyai patih | umêntas sabalanipun | sapraptaning dharatan | ingaturan makuwon suguh kèh rawuh | mêntah matêng sami prapta | kang mêthuk wus sami mulih ||

8. winangênan tigang dina | ki dipati wus mari sayahnèki | pinanggil lawan Gurnadur | Jendral Matius Daham | marang kutha Intên sêrat kang pinêthuk | songsong kuning lan tala mas | pinêthuk reta ki patih ||

9. ing kitha Intên wus prapta | tundhuk tabe sira rêkyana patih | ngaturakên sêratipun | tinampan tinupiksa | urmat surat raja mariyêm gumuntur | tata malih palênggahan | Matius Daham lingnyaris ||

--- 21 : 37 ---

10. hèh ki patih ungkur dika | tuwan sunan inggih sami basuki | Danurêja lon sumaur | inggih basuki tuwan | angling malih wetan paran wartinipun | Ibrahim Wiranagara | mangke panggenane pundi ||

11. sumaur ki adipatya | inggih wontên Dhumpul ingkang pawarti | nanging parêng lampahipun | tuwan lawan kawula | kang angutus anggitik Brahim puniku | bupati môncanagara | bang wetan lawan pasisir ||

12. wontên bupati sadasa | wong pasisir mung sakawan bupati | kadi punika wus cakup | kônca bupati kathah | bok manawi manggih arsa aprang pupuh | ki dipati wus ingajak | angiwa ing kantor wuri ||

13. mung juru basa tut wuntat | ki dipati prapta tata alinggih | atur yatra kalih èwu | sarwi prasêtyanira | kathah-kathah dènnya among mring sang prabu | yèn sèdhènga miwah cidra | sampun amanggih basuki ||

14. kagyat ling Matius Daham | wontên paran puniku ki apatih | andika adarbe têmbung | kang makatên punika | dika panggih lan kula puniki sampun | naur sagunging rêrasan | sampun dika walangati ||

15. wus cinandhak astanira | wus ginawa wangsul lênggah ing jawi | tan adangu gya tinundhung | benjing tigang dina kas | Ki Dipati Danurêja dika wangsul | wus mundur ki adipatya | ing pakuwonira prapti ||

16. kundure ki adipatya | cêlak marga nênggih panggenanèki | pangeran samya andulu | Arya Mangkunagara | tyase [tya...]

--- 21 : 38 ---

[...se] kadi sinusuk dadya rawat luh | riris sakala ki patya | lampahe linut ing baris ||

17. wus prapta ing pintu bêsar | pakuwone wau rêkyana patih | ing wuri ingkang winuwus | nagari Kartasura | pra wadana amangun masigit agung | Sênèn Sapar tanggal pisan | apan maksih ing taun Jim ||

18. sarêng Tumênggung Santênan | Mangunonêng bupati dèn marèni | numpês Cina dosanipun | lawan Jayawinata | ing Mataram pinundhut gadhuhanipun | mung kantun sèwu kewala | lan Pangran Martasanèki ||

19. pisah dènnya palakrama | lan kang rayi Ratu Kancana nguni | sampun katur ing kadhatun | lajêng pinacang-pacang | lawan Radèn Natawijaya Tumênggung | benjang prapta ki dipatya | panggihe dèn ayu nuli ||

20. lawan Dèn Ajêng Aminah | ingkang angsal Ki Rôngga Lèpèntangi | pinisah pan sampun katur | ing kangjêng sri narendra | kunêng malih Batawi ingkang winuwus | Adipati Danurêja | kaping tigane duk prapti ||

21. panggihe kalawan jendral | abicara nênggih ki adipati | kèh prakara wowor sambu | wis adate wong Jawa | wus parigêl yèn anjagal kancanipun | pan Jendral Matius Daham | kambon para wadul kêdhik ||

22. samana dupi lênggahan | anèng gêdhong bicara ki dipati | tan wontên ing kanthinipun | munggèng kantor bicara | Walônda mung juru basa lan dhirèktur | punika dêlèr pamungkas | nênggih [nêng...]

--- 21 : 39 ---

[...gih] Ardiyan Pan Kênir ||

23. ngling Jendral Matius Daham | ki dipati kula têtakèn warti | Kumpêni pamirsanipun | lamun Dipati Sampang | Cakraningrat pinaringan badhenipun | nagari ing Pasêdhahan | Prabalingga lan ing Bangil ||

24. punapa wus kalampahan | anauri wau ki adipati | inggih rumiyin sang prabu | sampun agadhah karsa | kèndêlipun ing mangke karsaning ratu | kula tuwan tan uninga | Matius Daham ling malih ||

25. punika yèn pinaringna | Pasuruan Prabalingga lan Bangil | andika pikir satuhu | punapa dadi cacad | lan botêne Danurêja lon sumaur | tuwan botêne punika | Cakraningrat pan ing mangkin ||

26. wus kaipe mring sang nata | yêkti enggal arjaning punang bumi | karèhing santana prabu | Dipati Cakraningrat | pasthi eca wong cili ing manahipun | dene tumut ing santana | kang dadi cacad manawi ||

27. pangeran ing Cakraningrat | wuwuh bala siniwèng pra dipati | bilih agêng manahipun | sugal Matius Daham | alah pikir punapa kang dika wuwus | ajêjangkah anggiyagah | balik mangke kadipundi ||

28. pangeran ing Cakraningrat | punapa wus ala angrêrusuhi | wani marang sang aprabu | ngrêrubêdi parentah | anauri Dipati Danurêjèku | ing samangke botên tuwan | inggih manawi ing benjing ||

29. abêngis Matius Daham | dede ujar dede budi kang bêcik | kang jamak panganggêpipun |

--- 21 : 40 ---

kang sampun kalampahan | sapa wêruh yèn duwe ala ing besuk | Adipati Cakraningrat | ing samangke bêcak-bêcik ||

30. pangeran ing Cakraningrat | yèn wurunga pinaringan nagari | mêsthi sakit manahipun | yèn sakita kang manah | yêkti dadi rêngkaning praja puniku | yèn sêmbada lan andika | mijia ngriki pribadi ||

31. sampun karèhing andika | lah punika sayêkti dadi bêcik | rêkyana patih umatur | alim puniku tuwan | kula ajrih umatura ing sang prabu | abêngis gurnadur jendral | pan luwih dika pribadi ||

32. sri narendra maksih mudha | barang tindak anut marang sirèki | ki adipati sumaur | tuan liya punika | ruwêt rêntênging praja kula katêmpuh | yèn punika dede tuwan | botên kuwasa wak mami ||

33. ing mangke dèrèng diwasa | lamun inggih sampun diwasa benjing | sayêkti puniku wêruh | yèn kagungane praja | Pasuruan Prabalingga Bangilipun | kang mèwèhakên kawula | pasthi kula dèn lunasi ||

34. sayêkti dinamêl lesan | ngicalakên kagunganing nagari | binêdhilan ngalun-alun | murda lajêng katigas | anak putu ing wuntat najis ing ratu | musakat kapunthal-punthal | tan wontên angakên dasih ||

35. tuwin yèn adating raja | ingkang anggêr amung kalih prakawis | inggih yèn sadumuk bathuk | sanyari bumi tuwan | botên kenging ginagampang yèn ing ratu | luhung arta lan busana | kenging ugi [u...]

--- 21 : 41 ---

[...gi] ginagampil ||

36. ling malih Gurnadur Jendral | Amatius Daham hèh ki dipati | nênggih wontên mantri agung | aran Dêmang Urawan | Wirajaya Mangunnagara ranipun | Danurêja saurira | inggih tuwan wontên ugi ||

37. punapa kasalamêtan | inggih tuwan sawingking kula nguni | pan inggih sami rahayu | Matius Daham mojar | kang bupati sakawan wênang puniku | lamun sukêr sakit dika | kang kalilan anambungi ||

38. nanging dika ki dipatya | liwat saking lêga tyas dika mangkin | ing sakarêp dika tutug | wontêna warta jaba | dika wêruh bupati jro botên wêruh | yèn warta saking jro dika | sayêkti aglis miyarsi ||

39. anjêngèk ki adipatya | gih puniku tuwan wontên punapi | têngik wiraos karungu | kula botên angrasa | saking paran gih tuwan pinangkanipun | ling Jendral Matius Daham | dika èpèh tan kinanthi ||

150. Kinanthi

1. andika wong boya patut | bocah andika ing wuri | têka jinunjung wadana | kang kêkancan pasthi sêdhih | môngsa kurang wong kang layak | kang abdine sri bupati ||

2. Nitinagara puniku | pan bocah dika pribadi | têka ginawe wadana | kang tunggil inggih asêdhih | Danurêja garagapan | kamithotholên nauri ||

3. inggih tuwan yèn puniku | nanging pinundhut sang aji | kinarsakakên kinarya | dadya wadana jro nguni | kula pan botên kuwasa | tuwan akarya bupati ||

--- 21 : 42 ---

4. jendral kèndêl asmu rêngu | pan adangu datan angling | nulyangling mring juru basa | konên mondhok ki apatih | juru basa nulya mojar | dika mundur ki dipati ||

5. sigra tabe pamit sampun | wus mijil ki adipati | praptaning pakuwonira | Mênir Patras nulya prapti | wus sami lênggah atata | Mênir Patras angling aris ||

6. tuwan wêlinge gurnadur | lawan Dhirèktur Pan Kênir | prakawis Pangeran Arya | Mangkunagara wus lami | pintên prayogi andika | dhahare wontên ing ngriki ||

7. ki adipati sumaur | dika pêpantês pribadi | kawula bayar kewala | inggih sapisan sawarsi | nêmpuhi balanja dika | Mênir Patras lingiraris ||

8. inggih tuwan tigang atus | Kumpêni maksih ngalahi | inuman botên kaetang | tuwin ngêt-angêt jêjampi | Adipati Danurêja | anganyang mêksa pinardi ||

9. malih ki dipati muwus | Pangeran Arya puniki | luwung nuntên sinabrangna | sampun lami nèng Batawi | kula inggih pinitungkas | ing gusti kajawi tulis ||

10. Kumisaris Patras muwus | sampun dika salah kardi | nêmbungkên jabaning layang | kadya wêlinge sang aji | dika ingkang antuk cacad | gurnadur anênêngêri ||

11. sayêktine wuwuh rêngu | têtela tuwan pribadi | gawe rêngating santana | ciyut samodranirèki | trima kasih ki dipatya | ana angeman anjawil ||

12. wus sah rèk wis kang rinêmbug | Mênir Patras pamit mulih |

--- 21 : 43 ---

mangkana ki adipatya | wus lami dèn pitambuhi | mring Jendral Matius Daham | tan tinundhung tan pinanggil ||

13. kasangsaran sakalangkung | susah tyasira ki patih | ngundhangan nguji lamtara | sawadyanira ki patih | sinarik ing Widhiwasa | rinêngu solahirèki ||

14. luput kaluputanipun | lêlumpate kang lêlêmpit | tatkala Pangeran Arya | Mangkunagara rinuntik | kurang saguh kurang gagah | jurungi wong lagi runtik ||

15. upama pawaka murub | sinung alang-alang aking | sayêkti mubal kewala | nora sinandhingan warih | tiwase ki adipatya | rumêksa ing sri bupati ||

16. ngicalakên kadangipun | akarya rêngkaning bumi | durung sumurup ing dosa | dosa pantês ngapurèki | yèn kaluwihên siyasat | mungguh santana tan kêni ||

17. pan ana wilalatipun | sêmu ewuh ki dipati | pan ora bantalan warsa | nuli kasandhung ing têki | iku ta anuli babak | môngsa wurunga nêmahi ||

18. nora tinimbang ing wahyu | kusuma lawan wong cili | yèn kaluwihên tatrapan | sayêkti andarajati | mangkana ki adipatya | lampahe sampun sawarsi ||

19. lan sawulan punjulipun | mangkana ingkang winarni | Gurnadur Matius Daham | prapta ngajal angêmasi | pasthining watêsan prapta | ngungun kang sami miyarsi ||

20. ingkang anggêntèni lungguh | Drèktur Ardiyan Pan Kênir | ki adipatya wus prapta | samana wus apêpanggih |

--- 21 : 44 ---

lan jendral kang madêg anyar | Jendral Ardiyan Pan Kênir ||

21. wus umêsat dutanipun | marang nagari Samawis | sarta pakêkintun kathah | pèni-pèni ing Batawi | lajêng maring Kartasura | surat katur ing narpati ||

22. wus katur marang sang prabu | sêrat kang saking Batawi | ngungun sang nata nupiksa | Matius Daham ngêmasi | ingkang akintun punika | kang anyar Jendral Pan Kênir ||

23. urmat mariyêm jumêglug | têmbunge kang surat benjing | antuke duta sang nata | yèn angsul-angsul wus prapti | ingkang saking sri narendra | suka sang nata miyarsi ||

24. dinadèkkên wus lumaku | kang sul-angsul mring Batawi | mangkana ki adipatya | kang anèng nagri Batawi | bicara Pangeran Arya | Mangkunagara ing mangkin ||

25. atêmbung marang gurnadur | bok dinangu mring sang aji | tuwan paran tur kawula | kang raka maksih nèng ngriki | sadaya-daya têbiha | angling Ardiyan Pan Kênir ||

26. andika mênêng puniku | Kumpêni ingkang mriyogi | patih angarah punapa | wus anèng tangan Kumpêni | nadyan adoh aparêka | nênggih kadanging narpati ||

27. Kumpêni kang wus anyukup | kèndêl wau ki apatih | alon dènira ngandika | Jendral Ardiyan Pan Kênir | punika sêrat wus prapta | sul-angsule sri bupati ||

28. dika mulih benjing Saptu | mangkata saking ing ngriki | cumêmplong ki adipatya | egar tabean wus pamit | praptane pakuwonira | wadyane wus dèn undhangi ||

--- 21 : 45 ---

29. yèn mangkat ing dina Saptu | angsul-angsul sampun tampi | kang badhe katur sang nata | saking Ardiyan Pan Kênir | ing antara tan winarna | ing ari Saptu wus prapti ||

30. anumpakirèng parau | gamêlanira ngrêrangin | egar kadya mênang aprang | sawadyane ki dipati | bêdhol jangkar babar layar | saking nagari Batawi ||

31. akêras marutanipun | ing laut datan kawarni | prapta nagari Samarang | amung kèndêl tigang latri | langkung sangêt urmatira | kumêndur suka tan sipi ||

32. lajêng wau lampahipun | mring Kartasura nagari | orêg ngungun sanagara | saksana ki adipati | prapta nagri Kartasura | lajêng sumiwèng narpati ||

33. angabêkti nguswa suku | ki dipati sru anangis | akathah ing aturira | sang nata suka miyarsi | wus tata ngaturkên surat | binuka têmbunge manis ||

131. Kangjêng Ratu Kancana ngagêm guna dhêsthi

151. Dhandhanggula

1. ki dipati wus kinèn umijil | Kapitan Upag sapraptanira | sugun-sugun pratingkahe | tan dangu lajêng mantuk | têntrêm aring ingkang pawarti | wus lami antaranya | ing sapraptanipun | saking nagri Batawiyah | Danurêja amangun arjaning bumi | bupati tinariman ||

2. Dyan Tumênggung Natawijayèki | pinaringan Dèn Ajêng Salamah | Dèn Ajêng Jèmbêm parabe | pinanggihakên sampun | nèng dalême ki adipati |

--- 21 : 46 ---

tunggil wulan samana | nênggih panggihipun | wau Dèn Ajêng Aminah | pinaringkên mring Arya Pringgalayèki | panggih Kadanurêjan ||

3. sangkalanira apan anunggil | lan praptane Dipati Danurja | Kartiwisaya etange | lan rata tunggalipun | Ki Tumênggung Nitinagari | saking gêdhong pinêcat | anggêntèni lungguh | Ngabèi Tirtawiguna | wus anama tumênggung nèng gêdhong kèri | nênggih Tirtawiguna ||

4. sira Dêmang Urawan ngêmasi | sutanira Ki Sutawijaya | nora gantyani lungguhe | ika wadananipun | mung kinarya bupati miji | nèng jawi tunggilira | Nitinagarèku | ya dadi panèwu jaba | kurawanan wadanane kang gumanti | anèng kaparak kanan ||

5. êmbanira kangjêng sri bupati | sira Ki Dêmang Côndramênggala | sampun ingalih namane | apan nama Tumênggung | Kya Côndranagara nênggih |Kurang satu suku kata: Kyai Côndranagara nênggih. gêdhe wadananira | kang satunggil suwung | kang Mangkubumèn punika | kang kinarya misananira narpati | Radèn Tirtakusuma ||

6. kang wayah Pangran Arya Matawis | sutanira Dèn Suryataruna | Mas Surata pêparabe | duk tumpês eyangipun | pan binoyong anèng jro puri | wus kinarya wadana | sinungan jêjuluk | Arya Malaya Kusuma | asisihan lan Arya Pringgalayèki | nguni Mêrtakusuma ||

7. Pringgalaya gêlis asêsiwi | Mas Giyota nama Pringgalaya | Wirapratignya eyange | Wirapratignya

--- 21 : 47 ---

iku | Dèn Kuwangsan ingkang sêsiwi | ya ta malih winarna | sang nata angutus | marang nagari Madura | ingkang rayi Dèn Ayu Siti Sundari | mangkya pinaring nama ||

8. Ratu Madurêtna wus anami | langkung sukane Dipati Sampang | anama ratu garwane | ya ta malih winuwus | Pangran Martasana ingalih | Arya Dipanagara | ing kêkasihipun | pangran ngabèi wadana | ing santana kiwa kaliwonirèki | Pangran Dipanagara ||

9. Pangran Buminata têngênèki | kaliwonira santana kanan | Pangeran Mangkubumine | lênggahe sami wuwuh | ampas saking kariyan sami | Ngabèi Loringpasar | wuwuh gangsal atus | pangeran ing Buminata | kawan atus kariyan rongèwu nênggih | kang sami pinarutah ||

10. wuwuh satus Pangran Mangkubumi | miwah Pangeran Dipanagara | sami anyatus wuwuhe | kliwon têngên nêmatus | wadanane santana kèri | Ngabèi Loringpasar | sèwu gangsal atus | pangeran ing Buminata | sèwu kawan atus mangkana winarni | langkung arjaning praja ||

11. pandhawa sami angoyakangoyag. bumi |Sengkalan: pandhawa sami angoyak bumi (1655 A.J., 1730/1731 A.D.). duk sang nata arêmên bêbêksan | lan punggawa pra mantrine | gôngsa pating carêngklung | sanagara amaratani | amangun kawibawan | lumrah galaganjur | para mantri myang santana | ngeca-eca tan nyana tan dèn walêsi | arjane nêmu rusak ||

12. Ki Tumênggung Cakranagarèki | duk pinêcat saking ing kaparak | dene kang ginêntosake |

--- 21 : 48 ---

Dyan Purwakusumèku | ipenira sri narapati | sarta sinungan nama | dènira sang prabu | Rahadèn Dêmang Urawan | dening Côndranagara muliha miji | sabine têlu bêlah ||

13. Ratu Kancana ingkang winarni | babar malih putra mijil priya | Rêspati ing Kaliwone | nuju Dal taunipun | ing sadasa Jumadilakir | langkung pêkik ing warna | suka sang aprabu | sangkala endra lêlima | udan adrês sampun sinungan wêwangi | Radèn Mas Priyêmbada ||

14. Radèn Ajêng Tajêm angêmasi | garwanira Radèn Wiratmêja | parêng tinarimakake | Dèn Ajêng Intên iku | kang ginadhuh ing ki dipati | Radèn Dêmang Urawan | tinariman wau | ningkah nèng Kadanurêjan | pra dipati sadaya pêpakan sami | nèng dalêm kapatihan ||

15. lan Dèn Ajêng Jumantên anuli | pinaringkên Radèn Wiratmêja | pan kinarang ulokake | parêng lan sedanipun | Pangeran Dipasantèki |Kurang satu suku kata: Pangeran Dipasantanèki. gêrah awêh samana | malih kang winuwus | kang putra sri naranata | Radèn Êmas Priyêmbada angêmasi | tan panjang yuswanira ||

16. orêm wau wong sajroning puri | Ratu Kancana langkung sungkawa | putrane pêkik warnane | tuwin ta sang aprabu | lintang saking rêncakèng galih | lir satmatèng triloka | miwah eyang buyut | Jêng Ratu Pakubuwana | anayuti ing wayah sri narapati | mupus karsaning Suksma ||

17. dadya rêrêm tyasira narpati | kaèngêtan titahing Hyang Suksma |

--- 21 : 49 ---

kang wus akarya pêpêsthèn | landhung cêkaking umur | pan kawula tan kêna milih | duraka yèn susaha | tinilar ing sunu | têmah anarimèng titah | cacad agêng iya jênênging aurip | katulak baran sêdya ||

18. ya ta kênthêling tyas sri bupati | sihira marang kang putra angkat | Dèn Mas Umar pulunane | sinungga-sungga langkung | duk samana dèn mas putraji | bêntèr ingkang sarira | kumêpyur sang prabu | ubêkan wong sajro pura | gupuh-gupuh parentahira sang aji | kang ngupaya usada ||

19. langkung maras wagugên ing galih | tyasira wau sang anarendra | kang putra mêlak gêrahe | pinasthi ajalipun | datan kêna dèn usadani | seda Radèn Mas Umar | jro pura gumuruh | datan bisa angandika | sri bupati amêkak rêntênging budi | biru èrêm kang cahya ||

20. kang ampilan curiga tinêbih | panakawane ingkang ngandikan | Dèn Mas Umar gêgawane | saking jawi rumuhun | mung puniku kang dèn kasihi | kang rama sri narendra | tumut asih lulut | mring bocahe ingkang putra | Ki Mas Gêrot Kajiwan sutanirèki | Radèn Rôngga Tanpulas ||

21. dyan cinandhak gêgithokirèki | mring sang nata binêkta angiwa | Mas Gêrot gêro tangise | mring panêpèn sang prabu | rawat waspa sri narapati | gêruwung kang wardaya | ôngga lir pêpusuh | seda grah awêh kang putra | kunarpane apan samêkta rinukti | pinarnah kadi saban ||

22. sri narendra tan kêni tinangkil |

--- 21 : 50 ---

pungun-pungun mangunêng ing nala | dene sirna lanjarane | kambuh wibuh kabubuh | datan dhahar tan arsa guling | mirangrong lir kataman | mentar tanpa tutur | Mas Gêrot tan kêna pisah | timbalane sira aja lunga mijil | patine gustinira ||

23. dadi sira anggèra ing mami | wus pinaringakên tunggilira | panakawan katha-kathe | lan Jayalêmburèku | duk samana sri narapati | tan kêna pinarêka | mring manggung katanggung | miwah pra yayi tan kêna | ngatingala tuwin Ratu Kancanèki | tan kêna ngatingalan ||

24. mung satunggil pra yayi kang kêni | Dèn Ayu Gêdhong saba ngajêngan | wuyung-wuyung salamine | Dipati Danurjèku | duk miyarsa susah kang ati | dene sri naranata | ing tyas kadi liwung | datan arsa siniwaka | nèng jro pura mring Ratu Kancana têbih | langkung dènnya asmara ||

152. Asmaradana

1. mangkana Ki Adipati | Danurêja pakumpulan | pra dipati sakathahe | pasisir môncanagara | wadanane kewala | sadaya sami sinung wruh | yèn mangke sri naranata ||

2. mila lami tan tinangkil | awit sedane kang putra | Radèn Mas Priyêmbadane | kabubuh malih kang putra | seda Radèn Mas Umar | dadya tyase kabarubuh | rêbah kang dadi lanjaran ||

3. marma saput tyasiraji | tan kêni siniwèng garwa | amung sawiji bok gêdhong | tan kêna saba ngajêngan | liyane datan kêna | kongsi kang cahya abiru |

--- 21 : 51 ---

jêng gusti sangêt sungkawa ||

4. duk miyarsa pra dipati | pra sami susah sadaya | ki dipati muwus alon | puniki pikir manira | hèh kakang Citrasoma | Jayaningrat lan Mataun | miwah Radèn Surabrata ||

5. miwah wadana jro sami | lamun botên têkiyara | nagara paran dadine | lamun ta nora pêputra | lanang lawan kang garwa | miwah tulusa sang prabu | tyase têbih lawan garwa ||

6. ingkang sami tunggil waris | apa ilang kang wirayat | liyaa kang madêg katong | pacak kaprabon punika | babon kapurubayan | tanpa uwit têmahipun | tanpa ugêr tanah Jawa ||

7. apa dene sri bupati | yèn kongsia putra lanang | lan kêkasihe bok gêdhong | anake Si Wôngsaprana | yèn adêgna narendra | dadi jagat ara-uru | bawur ilang kang darajat ||

8. tulusa têbih sang aji | lan kang garwa Jêng Ratu Mas | mungkasi wiji dadine | kasêngsêm maring wong wijah | sayêkti kêna beka | wirayate kang wus luhung | kang parêk lawan Hyang Suksma ||

9. ngupayaa dhukun sami | kang sangêt kasutapannya | padha sak-asikên kabèh | isine alas kang kiwa | wong alul apratapa | lan isining gunung-gunung | kang wus padha tinarima ||

10. pan dongane mring Sang Widi | aywana Widi bêbeya | amriha katarimane | lah paran rêmbage padha | liyane kang mangkana | pra dipati aturipun | sampun lêrês mung punika ||

11. sanadyan [sanadya...]

--- 21 : 52 ---

[...n] jroning nagari | ulama mukmin kang samya | sugih ngèlmu wus kinaot | sami pinintan usada | ki apatih karyaa | pangulah manjing kadhatun | êmpane kang para donga ||

12. bubar kang rinêmbug dadi | wus kathah usada prapta | kang amucak amirangrong | ulama ing praja-praja | têlas ing tanah Jawa | sadaya wus sami mangsuk | kathah jurune ki patya ||

13. ingkang nglêbokkên piranti | pan dongane wong atapa | miwah ulama kinaot | dhukun kang jitus lampahnya | kang windon anèng guwa | kang ancik-ancik ing pucuk | wêwukiran kêkarangan ||

14. panjurunge sami prapti | kathah warnining usada | kang dadi sarat mangsrudemasrude. | darapon sang sri narendra | carêma lan kang garwa | Ratu Kancana puniku | lamine datan sinapa ||

15. mring raka sri narapati | tan adhahar tan anendra | mung babakan pêlêm dodol | punika ingkang dhinahar | langkung sakit ing driya | sedane kang putra jalu | lajêng ingewan kang raka ||

16. mangkana sri narapati | yèn dalu mubêng jro pura | kinarya namur susahe | anginjên-injên kewala | wismane lurah-lurah | miwah pra yayi tan kantun | apan sami jinêjêpan ||

17. mangkana ingkang winarni | Ratu Kancana tan nendra | ing pukul kalih mêmaos | kinarya panglipuring tyas | cèthi wus anggêlasah | kang winaos Kangjêng Ratu | Kancana sêrat maljunah ||

18. anuju têmbang pamijil | rêntêk ngirit swaranira |

--- 21 : 53 ---

lamat-lamat kang saking doh | lamun pinarêkan untas | baya karsaning Suksma | usada ingkang tumanduk | pan dongane para tapa ||

19. saking Pagênthan sang aji | sadalu panjêjêpira | arsa kondur angadhaton | praptèng palataran sira | dalême ingkang garwa | miyarsa swara karungu | wong mêmaca lamat-lamat ||

20. untas lamun dèn parêki | tan arsa ngintip sang nata | nanging mrêpêki andhodhok | sapa iki kang mêmaca | mijil satriya kentar | maljunah layangirèku | cengkok ladak mêlas-arsa ||

21. têmbunge angasih-asih | mijile satriya kentar | apa ta iku si cebol | dudu pawataraningwang | nuju kang panakawan | têtiga dhèrèk sang prabu | Mas Gêrot ingkang satunggal ||

22. tan pisah lawan sang aji | sedane Radèn Mas Umar | kang kinarya panglipure | puniku kang kinasihan | dening Radèn Mas Umar | apan ta bêbêktanipun | saking ing jawi kariyan ||

23. katakate kang kêkalih | punika kinèn mariksa | intipên kang maca kuwe | apa dudu apa liya | si cebol kang mêmaca | kang ingutus ngintip matur | pan inggih rayi paduka ||

24. awatuk dhaham sang aji | dhahame atundha-tundha | Jêng Ratu Kancana kagèt | ing jawi ana wong dhaham | kèndêl anglangkip layang | alon ngandika sang prabu | pan sarwi amundhut lawang ||

25. pagene mênêng sirèki | ingsun tinjo wong mêmaca | jêng ratu [ra...]

--- 21 : 54 ---

[...tu] têdhak anglosod | kang pintu sampun binuka | manjing sri naradipa | kang garwa lajêng sinambut | pinondhong sarwi ngandika ||

26. payo tutugêna yayi | macaa panggonan ingwang | sampun binêkta sêrate | cèthi ginugah satunggal | ingkang ambêkta sêrat | sapraptaning dalêm agung | lajêng binêktèng paprêman ||

27. lajêng dènira karonsih | pan kadya kinare rêngga | ing ngriku lajêng carême | sang nata lawan kang garwa | kunêng ingkang antara | lajêng wawrat kangjêng ratu | egar tyase pra dipatya ||

28. tuwin sira Ki Apatih | Danurêja langkung suka | dene wus carêm sang katong | lan garwa Ratu Kancana | iya ing lama-lama | Jêng Ratu Kancana wau | wawratan praptèng samana ||

29. ing wolung wulan marêngi | kang êmbah buyut duk seda | Jêng Ratu Pakubwanane | dina Saptu sasi Rajab | sagung kang pra santana | ngandikan manjing kadhatun | sami nyirami kang êmbah ||

30. wusnya sinare Magiri | Tumênggung Mangunnagara | ingkang angirid lampahe | mangkana wurining wulan | rawuh Kangjêng Ratu Mas | ambabar wawratanipun | Saptu Wage ping sakawan ||

31. wuku Môndhasiya nênggih | Ruwah pêkik mijil priya | suka tyasira sang katong | mariyêm ing sitibêntar | munya Sagarawana | Subrata lan Ki Pamêcut | miwah Kumbaanikumba ||

32. tuwin ing loji nanduki | kadya kang prabata bêntar | pating balêbêr wong gandhèk | ingkang maringi uninga | marang ki adipatya | tuwin santanane

--- 21 : 55 ---

sêpuh | sami pinaring uninga ||

33. miwah sira ki apatih | paring wruh mring pra wadana | suka sanagara kabèh | taune apan anunggal | ing Be duk sedanira | nênggih ingkang êmbah buyut | Jêng Ratu Pakubuwana ||

34. ingkang sangkala anunggil | ing rasa buta winayang | sampun sinungan namane | Dèn Mas Suryadi punika | ragi kalis ing lara | ratwagêng ing nadaripun | anyadran dhatêng Mataram ||

35. ing Pasar Gêdhe Magiri | Panitikan Girilaya | ingkang sinadranan kabèh | kang para wayah binêkta | kesah rongpuluh dina | wulan Bêsar bakdanipun | mangkana kang winursita ||

132. Sèh Wôngsawana mêca badhe kadadosanipun Radèn Mas Sujana lan Radèn Mas Saksi (Said)

36. wontên pangulah adakik | bupati môncanagara | Ki Tôndhamantri Kalangbrèt | matur ing lêlurahira | yèn wong alul mratapa | umatur mring Ki Mataun | lamun wontên wong mêmêca ||

37. yèn wontên santana benjing | nagari ing Kartasura | ing aprang pilih bobote | sagêd nyalini parentah | malah ujaring pêca | kongsi sagêd madêg ratu | dene ta ingkang satunggal ||

38. dadya prajurit linuwih | anukangi gêlaring prang | Ki Mataun prayitnane | ujume kang duwe pêca | punika tinimbalan | dinangu mring Ki Mataun | aran Ki Sèh Wôngsawana ||

39. garêbêg sumiwèng nagri | binêkta

--- 21 : 56 ---

mring Kartasura | Sèh Wôngsawana andhèrèk | binêkta mring kapatihan | ing dalu dhêdhêmitan | sira Tumênggung Mataun | pinanggihan gêdhong wuntat ||

40. Sèh Wôngsawana tan kari | prapta ngarsane Ki Patya | Danurêja lon wuwuse | hèh ta pawong sanak ingwang | kakang Sèh Wôngsawana | kayaparan pandulumu | nagara ing Kartasura ||

41. apana kang malangsangit | pra dipati Kartasura | tuwin pra santana kabèh | ana ingkang marojola | ya saking têkêm ingwang | kang nêrak wani anêmpuh | saanane Danurêja ||

42. ing pangrasaningsun mangkin | nagara ing Kartasura | isia macan lan banthèng | sakêthi padha mugala | yèn misih Danurêja | sayêkti lamun kacakup | kakukup nèng tangan ingwang ||

43. apa dandanane ugi | lamun misih Danurêja | Sèh Wôngsawana ature | ki lurah-lurah ing jagat | alal puntên kawula | yèn ta sampun mangsanipun | dèn pêndhêma Bumisanta ||

44. yêkti balêdhag pribadi | yèn wus jangji tan kêna wah | Danurêja ngandikalon | ulun kakang aranana | satriya badhe mungal | sun wêyêde mupung durung | tarekah wajib istiyar ||

45. Ki Sèh Wôngsawana angling | kyai paningal kawula | santana wontên arane | inggih Radèn Mas Sujana | dene ingkang satunggal | gih kiyai maksih timur | punapa wontên wastanya ||

46. inggih Radèn Êmas Sêksi | ing benjing sintên kang wruha | ngagèt-agèti bobote | kang môngka manggalaning prang |

--- 21 : 57 ---

prajurit tanah Jawa | nuragèng jagat dibyanung | wignya kasusrèng ayuda ||

47. wondene ingkang satunggil | nênggih Radèn Mas Sujana | bisa anyêmpal lêlakon | awrat sinôngga ngayuda | kasaru praptanira | Bok Sêcawati ingutus | mring Ratu Agêng praptanya ||

48. mundur sakala Ki Patih | Mataun Sèh Wôngsawana | misih tinilar ing gêdhong | manggihi dutèng jro pura | Dipati Danurêja | lan Bok Sêcawati tundhuk | ki dipatya binisikan ||

49. ing Jumuwah wingi latri | Jêng Ratu Agêng supêna | wulan kesah saking gène | dèn êlokakên wong kathah | ngèmpèr wulan kumleyang | tiba kasangsang wit dhuku | anuntên ingkang katingal ||

50. Pangran Arya Mangkubumi | prapta anggawa gêgantar | kang wulan nulya sinènggèt | tiba nèng pangkon cinandhak | wulan sigra dèn dhahar | duk angsal sapalihipun | kang kari lajêng binucal ||

51. wangsul panggenane malih | wong ngêlokkên maksih kathah | wulan iki bali manèh | sasigar wau dèn dhahar | marang Dèn Mas Sujana | jêng ratu anuntên wungu | ki dipati duk miyarsa ||

52. anjêtung tan kêna angling | Ki Apatih Danurêja | langkung barusah manahe | Bok Sêcawati tumingal | susahe ki dipatya | alon dènira amuwus | kang wêling ibu srinata ||

153. Sinom

1. môngsa-bodhoa ing tingkah | wakane Danurêjèki | liwat susah kabatinan | dene ta iya kang kèpi | Ki Arya Mangkubumi |

--- 21 : 58 ---

paranbaya têgêsipun | angur dèn kapakêna | mupung durung anglakoni | ki apatih alon ing pamuwusira ||

2. dèrèng kenging winicara | hèh Bok Ajêng Sêcawati | duraka anatrapêna | anganggêp ujar wong ngimpi | midosa nora takyin | kêni dhêndhaning Hyang Agung | benjing sintên uninga | aib karsaning Hyang Widi | botên kenging niyasat gugu supêna ||

3. atur pêjah gêsang kula | ing jêng ratu bokmanawi | kaliru ing panggraita | amit Nyai Sêcawati | nèng natar ki dipati | angatag anitih tandhu | sampun lajêng ki patya | wangsul marang gêdhong wuri | sapraptane dhahan Ki Sèh Wôngsawana ||

4. ulate aclum abiyas | wau ta sang adipati | hèh ta kakang Wôngsawana | mungguh ing sarira mami | apa iya mênangi | ing wirayat kang puniku | angling Sèh Wôngsawana | sarwi anggayuh ing wuri | dika badhe kang kula gêgêm punapa ||

5. nauri ki adipatya | ki raka boya udani | agiyak Sèh Wôngsawana | ambak-ambak ki dipati | sarwi mêgar astèki | punika wêwinih gadhung | boya badhe andika | sayêkti boten mêningi | ing lêlakon kang gumêdêr awurahan ||

6. tumungkul ki adipatya | waspanira adrês mijil | anuntên èngêt ing tingkah | sarèh tyase ki dipati | sampun tinundhung mijil | Sèh Wôngsawana Mataun | mantuka pamondhokan | ki dipati wanti-wanti | milu ngingu marang Ki Sèh

--- 21 : 59 ---

Wôngsawana ||

7. ing sabên Mulud binêkta | mring Ki Mataun sumiwi | marang nagri Kartasura | tan arsa dèn pasungsungi | marang ki adipati | namung pelah kang jinaluk | kunêng kang winursita | Jayaningrat angêmasi | kang gumantya anakira kang atuwa ||

133. Patih Danurêja dipun kendhangakên

8. mantunira Ki Dipatya | Jayanagara namèki | wus anama Jayaningrat | wontên kadange taruni | Mas Kutha namanèki | anèng Bahrawa rumuhun | nama Jayakusuma | nuntên tinanêm ing Têgil | nuntên nama Ki Tumênggung Tirtanata ||

9. anèng Têgal mung sawarsa | ingamuk dening wong Bumi | nuli magang mring nagara | ing Têgal wong Bumi malih | kang kinarya bupati | Mas Kutha Tirtanatèku | magang Ki Wirajaya | lawan Tirtawigunèki | pan akathah kênane mêmanisira ||

10. dadya kamanisên ngêbang | wau kang bupati kalih | purun umatur sang nata | ature Tirtanatèki | ginêmpalakên nuli | ing Pakalongan wong sèwu | nama Suradiningrat | sampun pinacak bupati | sri narendra supe tindak ing nagara ||

11. akarya bupati datan | parentah marang apatih | dina Kêmis dadinira | ing dina Sênèn miyarsi | wau rêkyana patih | kadya anuduka gapyuk | mring bupati kang ngangkat | kang umatur mring sang aji | langkung runtik tyasira kadya binakar ||

12. tindake nagara krama |

--- 21 : 60 ---

ki patih kang dèn kukuhi | supe lamun sri narendra | kang dèn mong maksih taruni | ing manah dèn sêsami | lan kang rama eyangipun | ajêg tindak ing praja | mung kacipta sangêt runtik | wus dèn rayah bawade Suradiningrat ||

13. kabèh sampun rinampasan | upacaraning bupati | dadi rah sariranira | muka lir tumètès gêtih | kang anèng pôncaniti | ajrih prasamya tumungkul | mulat ki adipatya | rêrêp panangkilan sami | dhinawuhan pocote Suradiningrat ||

14. sang nata sampun miyarsa | wande dènira tinangkil | kalamun Suradiningrat | linorod mring ki apatih | wau bupati kalih | kang enggal matur awadul | sang nata langkung duka | wus ilang trêsnanirèki | marang sira Ki Apatih Danurêja ||

15. nimbali Tirtawiguna | lawan Wirajaya prapti | ing abyantara narendra | ngandika sri narapati | Êtir nulisa aglis | layang ingsun mring gurnadur | si uwa Danurêja | wus ilang ing trêsna mami | yèn misiha anyênyukêri maringwang ||

16. lungaa têka ing Jawa | sun titipakên Kumpêni | dèn prênahna pulo sabrang | Tirtawiguna nênulis | kang rinèngrèng wus dadi | katur marang sang aprabu | kapanujon ing karsa | iya wis dadèkna iki | mêngko sore nuli tibanana êcap ||

17. esuk nuli lakokêna | kalih punggawa wus mijil | ratu agung nulya prapta | ngandika mring putra aji | paran kang dadi runtik | mring kang

--- 21 : 61 ---

uwa kaki prabu | paran sampun pinanjang | akèh bêcike wa patih | lan pinasthi matihi karaton Jawa ||

18. sang nata asru ngandika | inggih ibu yèn upami | uwa Patih Danurêja | pinasthi dening Hyang Widi | matihi ratu Jawi | kula sampun dadi ratu | dimène golèk liya | yèn kula pasthi narpati | uwa patih aywana nèng tanah Jawa ||

19. kondur sarwi nênggak waspa | ratu agêng tan kênangling | ing sontên Tirtawiguna | manjing pura angêcapi | wusnya anuli mijil | lajêng mring loji ingutus | mundhut upas Walônda | bêkta sêrating narpati | surat kalih mring Samarang mring Jakarta ||

20. upas sampun lumaksana | nahan praptaning Samawis | dhawuh sêrating narendra | maring kumêndur Samawis | sawiji mring Batawi | mundhut dutaning kumêndur | ing lautan kawarna | prapta nagari Batawi | lampahira lajêng mring kantor bicara ||

21. katur ing gurnadur jendral | Jendral Ardiyan Pan Kênir | sêrate rajèng Mataram | tinupiksa langkung wingit | manggil sagung radpêni | Dhirèktur Baron Pan Emup | lan Jakup Musêl prapta | Johan Istèdhèng Alpisis | Idlèr Pandhêr Palaran Idlèr Joharman ||

22. lan Idlèr Yakup Indarpal | lan Idlèr Baron Yoharsi | Idlèr Patmatilan Ardha | miwah Irèk Dêlèr Konyit | idlèr anyar tan lami | saking Samarang kumêndur | surat aganti mulat | idlèr rolas rêmpêg [rêmpê...]

--- 21 : 62 ---

[...g] sami | anuruti pamundhute sri narendra ||

23. ingkang tinuduh ing karya | anyêkêla Idlèr Konyit | numpak saking Batawiyah | pan datan sinungan kanthi | mung pudhake pribadi | sèkêt Bugis tukonipun | ing laut tan winarna | prapta nagari Samawis | kunêng gantya wuwusên ki adipatya ||

24. ingutus pan sampun adat | sabên Sura mring Samawis | nampèni bayar têmpuran | têmpurane wong pasisir | budhal ing dina Kêmis | duk saking Kartasuresuk | wulan Sura ping rolas | anuju taun Jimakir | gangsal dina praptane nagri Samarang ||

25. prapta ing dina Salasa | pitulas apan kang sasi | kacêkêle ki dipatya | dene Sang Idlèr Èrkonyit | nuju Rêspati Manis | Sura kaping pitulikur | baya wus karsaning Hyang | ngungun kabèh kang miyarsi | dene dosa bara-bara kadi bara ||

26. wong tuwa akèh angucap | nora kaya ki dipati | cili tumêkèng awayah | durung cinacad paraji | kang rama eyangnèki | tur padha ratu pinunjul | norana kang midosa | tur ratu dadi pribadi | kang gêgaweane ratu iki sasat ||

27. parandene amidosa | baya ta ki patih iki | dosane ing kabatinan | walês amêcah samangkin | kasandhung ing karikil | tiwase momong sang prabu | dene Pangeran Arya | Mangkunagara ing nguni | nora bisa momot mirapêt santana ||

28. yèn uga ginagahana | rêmpêga

--- 21 : 63 ---

lan pra dipati | ingajak sèlèh curiga | nanggulang dukèng narpati | mokal sida aruntik | pasthi lilih sang aprabu | patih kang gawe panas | ratu tuman bêbuwangi | nora wurung rêngkèng nagarane rusak ||

29. kunêng wau dutanira | nênggih Kumêndur Samawis | surat prapta tur uninga | yèn wus cinêkêl ki patih | marang Idlèr Èrkonyit | sigra parentah sang prabu | anjarah Kadanurjan | pawèstrine dèn boyongi | sêlir cèthi sami kadalêm sadaya ||

30. sadaya anak rabinya | wus sami manjing jro puri | barana mring gêdhong samya | lêga tyasira narpati | wuwusên Idlèr Konyit | ingkang prapta suratipun | arsa lajêng asowan | nuwun panggih lan sang aji | lan kang mêthuk nuwun praptaning Samarang ||

31. sri bupati pêparentah | ingkang tinuduh lumaris | anênggih katri punggawa | wadana lêbêt satunggil | Kyai Wirajayèki | Kartanagara Tumênggung | lan bupati santana | misananira narpati | wadanagêng Radèn Malayakusuma ||

32. mangkat saking ing nagara | katiga kang pra dipati | asri busananing bala | ing marga datan kawarni | praptèng nagri Samawis | wus panggih lawan kumêndur | Ekrul Rèktop Duhansah | kalawan Idlèr Èrkonyit | wus tinampan surat saking sri narendra ||

33. tinupiksa ingurmatan | kadriya têmbunging tulis | sanega budhal saksana | saking nagari Samawis | kerid ing pra dipati | ing marga datan kawuwus |

--- 21 : 64 ---

praptaning Toyadana | amêthuk sri narapati | pra dipatya santana mêmanisira ||

154. Dhandhanggula

1. kêrig samya umiring narpati | wadya kadi girindra kumusakusuma. | asri tinon gêgamane | anglir alun gumulung | munggèng rata sri narapati | wus panggih Toyadana | idlèr sampun tundhuk | lawan jêng sri naradipa | rêrangkulan arasan kang jôngga iring | kalangkung kapracaya ||

2. Idlèr Konyit marang sri bupati | dene nyirnakkên sêsukêrira | anulya lajêng ngudhalebudhale. | munggèng cakatha prabu | akalihan lan Idlèr Konyit | sira Tumênggung Tirta- | wiguna gènipun | ingandikan nginggil rata | munggèng andhapira kangjêng sri bupati | kumêndur rowangira ||

3. anèng rata lan pangran ngabèi | petor bêsar Pangran Buminata | kang munggèng ing cakathane | prapta ing ngalun-alun | mriyêm kadya gunturing wukir | munggang munya angangkang | munggèng sitiluhur | lajêng tumamèng jro pura | sakalangkung pangubasubanirèki | ingetang praptanira ||

4. sasi Sapar ing taun Jimakir | kaping wolulas dina Jumuwah | parêng ing karo mangsane | Dhukut sêngkalanipun | naga lima ngoyagkên bumi |Sengkalan: naga lima ngoyagkên bumi (1658 A.J., 1733/1734 A.D.). katur pan warna-warna | ingkang pakêkintun | kang sêrat katur binuka | tinupiksa mariyêm gumuntur malih | makuwon sitibêntar ||

5. kumêndur kang makuwon ing loji | dina Saptune miyos sang nata | watangan môngka idêlèr | aningali ri Saptu | duk samana kang ngabayani |

--- 21 : 65 ---

sirnane Danurêja | santana sang prabu | Rahadèn Natawijaya | binadhenan mangkana lêt kawan ari | nuju ing dina Soma ||

6. sri narendra duk miyos tinangkil | aglar sagung pra mônca dipatya | kala parentah dhawuhe | idêlèr lan kumêndur | lan kapitan tumut anangkil | Radèn Tumênggung Nata- | wijaya jinunjung | amatihi tanah Jawa | ing rolikur Sapar taune Jimakir | wuku Selaprawata ||

7. sinung juluk anama dipati | nênggih Dipati Natakusuma | apan nunggil sangkalane | lan idlèr praptanipun | pra dipatingdipati. suyud ngèstrèni | wong pasisir pêpakan | kang pra dipatyagung | tuwin wong môncanagara | miwah dêlèr kumêndur jurung ngèstrèni | Patih Natakusuma ||

8. nunggil sasi kadanging Dipati | Danurêja katiga pinêcat | linungsur kabupatène | Tuban Surabayèku | ing Kadhiri wus dèn salini | wong bumi kang kinarya | nênggih turunipun | pan Ki Ôngga Katawêngan | wus pinacak bupati namanirèki | Tumênggung Katawêngan ||

9. nagri Tuban ingkang anggêntèni | nênggih Tumênggung Suradiningrat | mring Jayaningrat arine | Surabaya kang lungguh | kadangira radèn apatih | Rahadèn Surèngrana | malih kang winuwus | Kyana Patih Danurêja | pinarèsi arsa binêktèng Batawi | gurnadur parentahnya ||

10. yèn wus putus ing karsa sang aji | têka banjurna têka Samarang | lamun ampirna marene | ingong tan bisa

--- 21 : 66 ---

dulu | ing dosalit gêdhèn bilai | ujêr narendra mudha | barang karsanipun | marêdêng kunêng mangkana | Mênir Patras manggihi maring Samawis | marang Kya Danurêja ||

11. Kumisaris Mênir Patras panggih | ki adipati pan tinangisan | alon wau pamuwuse | lidok ta ujar ingsun | tiwas sira lali sakêdhik | yèn ratu aniyasat | mring santananipun | ajana milu micara | yèn milua sira kêna ngukum batin | kêna sêngêring nata ||

12. alah êmbuh adate wong Jawi | sun arani ta môngsa bedaa | yèn ratu bangêt dukane | marang ing kadangipun | yèn katlangso ana ngalangi | ing kabatinan suka | ki patih tumungkul | nangis amamrating daya | adhuh anggèr Pangran Aryanata ugi | ing batin apuntêna ||

13. langkung lupute pun uwa nguni | Mênir Patras nêmbungakên sigra | gurnadur ing pamulène | kang kantun reyal sèwu | Kumisaris Patras pribadi | awlas mring adipatya | pitung atus batu | yèn sira nèng pulo sabrang | têbasêna kêbon tuk gêdhong kang bêcik | prakara layarira ||

14. Idlèr Konyit ika kang winêling | nuwunakên apura mring sira | manawa ana lilihe | dukane sang aprabu | yèn upami tan kêna lilih | Idlèr Konyit kang gawa | parentahing ratu | ing mangke wus patang wulan | Idlèr Konyit nèng nagri Kartasurèki | mêngko baya mèh prapta ||

15. Kumisaris Mênir Patras pamit | kari mangunêng ki adipatya |

--- 21 : 67 ---

wuwusên wau antuke | idlèr lawan kumêndur | nuju sasi Jumadilakir | tanggalipun ping gangsal | misih tunggil taun | lawan kalane duk prapta | antukipun ing dina Jumuwah enjing | Rahadèn Pringgalaya ||

16. Mangunnagara Mangkuyudèki | ingkang tinuduh atêr ing lampah | wong pasisir wadanane | angalih jajaripun | kunêng marga datan kawarni | praptane ing Samarang | kang umatêr wangsul | Idlèr Konyit cinarita | pêparentah marang Kumêndur Samawis | bêkta Ki Danurêja ||

17. maring Selong parentah narpati | winangsulan lampahing carita | Pangeran Arya kandhane | apan ing pitung taun | laminira anèng Batawi | malah kongsi pêputra | lajêng layaripun | duk lagya angsal sawulan | palwanira kèndêl têngahing jaladri | lèrèn alabuh jangkar ||

18. ya ta wau palwa ing Samawis | kang ambêkta Kyai Danurêja | mung pacalang baitane | sawulan ngêmpêdipun | nanging pokah tiyangirèki | baya wus karsaning Hyang | pamêlèh satuhu | paraunira ki patya | pan anunjang ing kapal kang dèn titihi | dening Pangeran Arya ||

19. pukul pitu enjing dènnya bijig | pacalang rêmuk sami sinarah | abêngok-bêngok swarane | acêluk minta tulung | sami mêdal kapitanèki | malah Jêng Pangran Arya | inggih tumut mêtu | sami anguncali sampan | samya mènèk sadaya rowangirèki | angrêp pating karangsang ||

20. langkung kagyat dènira ningali |

--- 21 : 68 ---

Pangeran Arya Mangkunagara | amijêt-mijêt jajane | si uwa Danurjèku | dene têka mangkene iki | nêmu papa kaliwat | alah susah ingsun | duk prapta minggah ing kapal | kagyat mulat Pangran Arya kang pinanggih | wontên palatar palwa ||

21. ki apatih gupuh malayoni | anungkêminganungkêmi. mring Pangeran Arya | asru sarwi panangise | pangeran ngandikarum | ya pagene nusul sirèki | uwa kêna ing apa | mêngkono tingkahmu | saurira mêgap-mêgap | adhuh anggèr pun uwa mangke malêsi | duraka ing paduka ||

22. mangkya nuwun apuntên sayêkti | kapitan kapal ngungun miyarsa | yèn puniku kang manggawe | mangkya papa alangkung | duk samana lajêng anunggil | paraune wus kalah | nênggih rêmak-rêmpu | pacalang wus datan kalap | awor ênggèn jêng pangran lan Ki Apatih | Danurêja nèng kapal ||

23. wus amuwus sirna ingkang runtik | Pangeran Arya Mangkunagara | tan tutug katon warnane | lamine nèng parau | bêdhol jangkar samargi-margi | Kumpêni akasukan | amrih sukanipun | tanayendra nusa Jawa | lamun dalu prasamya mijil manginggil | nèng palataring kapal ||

24. katiga putra Radèn Mas Ngali | Danurêja alon aturira | dhuh omong-omongan anggèr | ing nusa Jawa besuk | pan kinêlêm sangêt prihatin | pun uwa jinarwanan | ing wong alul nujum | kang gêntur kasutapanya | kang binadhe kusuma ing tanah Jawi |

--- 21 : 69 ---

amung kalih prakara ||

25. putra paduka Radèn Mas Said | têmbe kuwawi adamêl raja | ing prang awrat sêsanggane | nuragèng jagat punjul | yèn sirnaa Radèn Mas Said | rêjêki tanah Jawa | sirna bêras pantun | rêjêki nabrang sadaya | pan wong Jawa tan ana bisa abukti | dene ingkang satunggal ||

26. kang kalêbêt ing wirayat nênggih | rayi sampeyan Dèn Mas Sujana | têmbe ampuh paprêpane | arang satriya ratu | kang anôngga wawrating jurit | yèn puniku sirnaa | tanah Jawa besuk | tan ana kang bisa nandhang | gih satriya kêkalih kang dèn panuti | ing sandhang lawan pangan ||

27. mèsêm sami anggraitèng yêkti | kunêng lampahing palwa wus prapta | nagri Selong pasisire | inginggahakên sampun | sarayate pinarnah sami | jinajar kêbonira | kunêng kang winuwus | rahadèn rêkyana patya | Adipati Natakusuma tinuding | mring nagri Batawiyah ||

134. Santana Mangkuratan wangsul dhatêng tanah Jawi

28. Ki Tumênggung Tirtawigunèki | kanthinira lawan Suralaya | Ki Arya Kudus malihe | sinungga-sungga langkung | marang sagung para ratpêniradpêni. | tuwin gurnadur jendral | dene ta puniku | patih karabat sang nata | beda jine lan patih kang dhingin-dhingin | barang rèhing asmara ||

155. Asmaradana

1. praptane saking [sa...]

--- 21 : 70 ---

[...king] Batawi | Dipati Natakusuma | sang nata babar garwane | Tumpak Wage Môndhasiya | maksih Jimakir warsa | Jumadilakir nêmlikur | amijil kang wanudyendah ||

2. sampun sinungan kêkasih | dene rama sri narendra | nênggih Dèn Ayu Kadhaton | sangkala ingkang sarira | gumuling wayang janma |Sengkalan: sarira gumuling wayang janma (1658 A.J.. 1733/1734 A.D.). sarêng kalawan tinundhung | kadukan Martakusuma ||

3. lêlurah karaton nênggih | Rahadèn Martakusuma | kadukan pinurugake | marang wana ing Majênang | èstrine tunggil karya | Ki Rêngganis namanipun | pinêjahan nèng Magêtan ||

4. kunêng taunipun malih | Dipati Natakusuma | wangsule malih kinèngkèn | mring Batawi amundhuta | santana Mangkuratan | sadaya kang para sunu | Sunan Kendhang Mangkuratan ||

5. pamrihira sri bupati | pusaka ing tanah Jawa | mantuka mring Jawa kabèh | waos dhuwung lan rasukan | bêndhe Kiyai Bicak | binêktèng Selong rumuhun | mring Sunan Mangkurat Êmas ||

6. anuju ing taun Alip | Rabingulakir kang wulan | tanggal ping wolu angkate | parêng ingkang dina Soma | dene ta kanthinira | kang sami tumut rumuhun | winangsulakên sadaya ||

7. Ki Arya Kudus lan malih | ing Barêbês Suralaya | lawan Tirtawigunane | ing marga tan winursita | praptane ing Samarang | sadaya numpak ing laut | gumuruh swaraning bala ||

8. kêras timur kang anggitik | sapraptaning tawiyah |Kurang satu suku kata: sapraptaning Batawiyah. langkung amanggih urmate | alami dènnya bicara |

--- 21 : 71 ---

pamundhute sang nata | gurnadur sampun angutus | mring Selong kang pra santana ||

9. sadaya praptèng Batawi | santana Kamangkuratan | kang sami wontên ing Selong | Pangeran Mangkunagara | Pangeran Mangkuningrat | Radèn Jayakusumèku | wuragil Pangeran Êmas ||

10. sarayate jalu èstri | gung alit nênggih sadaya | wong kalih atus cacahe | wus panggih lan ki apatya | lir pêjah manggih gêsang | sami langkung sukanipun | mangkana sah ing bicara ||

11. kyana patih sampun pamit | mancal saking Batawiyah | ambêkta Pangeran Selong | sapraptanira Samarang | utusan tur uninga | langkung suka sang aprabu | pêparentah kang mapaga ||

12. wadana kalih lumaris | Tumênggung Mangunnagara | Tumênggung Mangkuyudane | bêkta sikêp lan turôngga | tandhu praptèng Samarang | lan radèn patih wus pangguh | dhawuh timbalan sang nata ||

13. inginggalakên tumuli | wus budhal saking Samarang | gumuntur mriyêm urmate | ing marga tan kawursita | praptaning Kartasura | akathah kang wong dêdulu | marang ing gustine lama ||

14. titip atap turut margi | wus prapta ing kapatihan | nulya ing pêndhak enjinge | binêkta sowan ing pura | sakadange sadaya | nèng panangkilan andulu | sadaya kang bêbasahan ||

15. sami têkuk kônca sami | kagyat sami atêtanya | paman punapa ing mangke | têkuk kônca wong kampuhan | angling rêkyana patya | inggih anggèr karsanipun | rayi [ra...]

--- 21 : 72 ---

[...yi] paduka sang nata ||

16. anulya gandhèk nimbali | kerid ing rêkyana patya | miwah kapitan andhèrèk | sapraptanira jro pura | prasamya sêsalaman | lajêng lênggah sang aprabu | satata munggèng ing kasah ||

17. tan mawi amparan malih | sawontênira kang raka | nulya pra santana kabèh | ingandikan manjing pura | sami kinon pranata | maring kakang anyar rawuh | amrih patut akêkadang ||

18. sangkalanira duk prapti | anênggih janma kawayang | karêngèng bumi nulyage |Sengkalan: janma kawayang karêngèng bumi (1661 A.J., 1736/1737 A.D.). mêdalinèn amrênahna | panggenane kang raka | ywa pêgat sugatanipun | wus mêdal mring kapatihan ||

19. wismane Ki Sêcapati | tinundhung ingkang kinarya | ing pangeran saosane | duk prapta ing dina Ngahad | ing dina Rêbo nulya | babrêkatan katuripun | sadaya wus anèng pura ||

20. sawusing antara lami | angalih malih kang wisma | Kasêcapatèn tan amot | nulya Anjayaningratan | samêkta bagus jêmbar | angalih jêjulukipun | wau kang raka sadaya ||

21. nênggih kang sêpuh pribadi | Pangeran Mangkunagara | ingalihakên ing mangke | Pangeran Wiramênggala | Pangeran Mangkuningrat | angalihkên namanipun | pangeran ing Têpasana ||

22. kang wontên ing Selong nênggih | Rahadèn Jayakusuma | nora angalih namane | Pangeran Êmas punika | ingkang wuragil pisan | mangkana ipe sang prabu | Rahadèn Dêmang Urawan ||

23. Jêng Ratu KancaraKancana. mèri | misih

--- 21 : 73 ---

radèn kadangira | nulya angalih namane | Pangran Arya Purubaya | wong agung Kaselongan | dhongkol kewala kang sêpuh | Pangeran Wiramênggala ||

24. panênggak purun ing kardi | pangeran ing Têpasana | sèwu rongatus sabine | Pangeran Wiramênggala | rongatus pinancenan | Radèn Jayakusumèku | kawan atus pinancenan ||

25. kang wuragil satus nênggih | kang anama Pangeran Mas | Pangeran Têpasanane | ingkang ngiringakên bawat | lan pinaringan garwa | ing nguni pan randhanipun | Jêng Pangeran Buminata ||

26. Dèn Ayu Tambêlèk nênggih | putrane Sultan Balitar | langkung pinarapêtake | ingalap-alap kang manah | Pangeran Têpasana | tan towong pasowanipun | mêlas-asih tur jatmika ||

27. sêmana ingkang winuni | pangeran ing Purubaya | langkung sihira sang katong | ipe tur bisa ngawula | kêkês wong sanagara | tan kêna pisah sang prabu | kadhahar saaturira ||

28. para mantri pra dipati | ajrih asêdhih sadaya | alanas pamanahane | lair batine sêmbada | ragi mudhêng prakara | yèn ana wong tanpa kusur | nora duwe pangapura ||

29. miwah wong tan pangrasèki | alalèn luput sakêdhap | nora nana apurane | kinêras adu arêpan | nadyan mantri bituwah | ingkang rama eyangipun | Sinuhun Pakubuwana ||

--- 21 : 74 ---

30. pinoyok tur dèn tatrapi | mila giris kabatinan | sagung wong lumaku gawe | pasisir môncanagara | bupatine yèn kala | seba ing Garêbêg Mulud | tan angrasa duwe nyawa ||

31. nora ngawati pêpatih | mung sami karya panulak | pêpatih kinarèkake | amung ajrihe kewala | mring Pangeran Purbaya | akarya wong patang puluh | kajinêman satru tawa ||

32. wong kang sami angluwihi | gêdhene kang sami gagah | prakosa ingkang rong uwong | miwah kang bêcik kanthètnya | kang sami pinilihan | sinaosakên sang prabu | kajinêman kawan dasa ||

33. pangarahira adhêmit | nanging sagung pra dipatya | pasisir rungak manahe | tuwin wong môncanagara | miwah wong Kartasura | wêdi maras ing tyasipun | maring Pangeran Purbaya ||

34. akathah rucat pra mantri | sanadyan mantri bituwah | lamun wulune taledhor | sinalinan kang abagas | sanadyan mantri jaba | miwah baturing tumênggung | yèn pantês pratingkahira ||

35. sarta ulêse abêcik | sarêgêp ing karyanira | prayoga salir barange | nora wahyu pan ingangkat | rikate yèn dinuta | tan antara gya pinundhut | ingaturakên sang nata ||

36. sri narendra anuruti | pundhutan kang saking jaba | ana pinacak kaliwon | miwah mantri jro kewala | kathah

--- 21 : 75 ---

yèn winarnaa | lorodan jungjunganipun | Pangran Arya Purubaya ||

37. mangkana ngalami-lamialami-lami. | wontên duta saking jendral | angaturakên layone | Pangran Ngabèi Lorpasar | nênggih Dèn Mas Sudira | kang binucal ari prabu | pinarnah anèng pulo Kap ||

38. kang tinunggilakên nguni | lan Pangeran Hèrucakra | pangran ngabèi sedane | tilar garwa lawan suta | miwah sarayatira | wus katur marang sang prabu | kêkalih atmaja pria ||

39. Radèn Mas Gunung satunggil | Radèn Mas Guntur arinya | apan wus ginadhuhake | mring Radèn Natakusuma | dadya nèng kapatihan | wau ta ingkang winuwus | Katêpasanan wijilnya ||

156. Mijil

1. gangsal putranira jalu kalih | katiga kang wadon | Radèn Wiratmêja sêpuh dhewe | bagus dhêdhampak dêdêg rêspati | pan arsa dèn ambil | mantu mring sang prabu ||

2. pinanggihkên pambayun putraji | wanodya kinaot | ingkang sampun jinunjung namane | Ratu Alit kapalang sakêdhik | dèrèng diwasèki | Ratmêja wus sêpuh ||

3. dadya nganti diwasaning putri | alami ingantos | Radèn Wiratmêja pan arine | putri Radèn Ajêng Banowati | pan sampun akrami | nèng Selong rumuhun ||

4. miwah Wiratmêja krama sêlir | duk samya nèng Selong | ingkang rayi tinarimakake | anaking wong kadipatèn [kadipa...]

--- 21 : 76 ---

[...tèn] lami | kang eyang suwargi | aran Wirakabluk ||

5. Wirakabluk wong saking ing Ruki | kanggêp ing sang katong | Sunan Kendhang tan pisah lamine | mangkya Wirakabluk asêsiwi | jalu mung satunggil | dhapure awidhung ||

6. tinariman putri Banowati | doh sungsate tinon | nanging ketang tumut sakit bae | Bagus Gangsar jinunjung namèki | radèn akêkasih | Ônggakusumèku ||

7. lami elik dening wijil Ruki | ulêse bêrongkol | dhusun Ruki sakidul Katipès | lami-lami wus patut ing krami | patutan satunggil | nèng Selong rumuhun ||

8. mangkya anèng ing Kartasurèki | wontên mantri anom | dinutèng nata mêmaringake | mring Pangeran Têpasana nênggih | warnane prayogi | Puspadirja Bagus ||

9. Tumênggung Batang ingkang duwèni | Radèn Mantri Anom | Puspadirja kaprênah anake | Batang Puspanagara kang dhingin | Batang kang samangkin | pan kadange sêpuh ||

10. duk ingutus Puspadirja nguni | nuju sang lir sinom | ngadhêp ing rama pagut tingale | Puspadirja wantu dutèng aji | ladak tan pakering | mulat wantu-wantu ||

11. sawusira ingutus narpati | gung seba tan towong | pan ingaku ingutus kadange | Tumênggung Batang ngatur-aturi | dadya lami-lami | Puspadirja wanuh ||

12. radèn ayu wus mancal ing laki | kang dhapure awon |

--- 21 : 77 ---

praptèng idah wus pinanggihake | Pangran Têpasana anjurungi | mring kang putra èstri | akrama binagus ||

13. tur asugih anak ki dipati | ambêlarak tinon | Ônggakusuma sakit manahe | anggung anangis raina wêngi | lajêng dèniranis | mring samodra kidul ||

14. ing pangan turu pan sampun lali | amung ingkang katon | rabine lawan kang ngawin mangke | kang tinêdha aja nutug nuli | manggiha bilai | ing samarganipun ||

15. nuntên arine malih pawèstri | kinarsan sang katong | Dèn Ajêng Sumilah nanging sande | siyos angsal kang rayi narpati | Buminata nênggih | pangeran pinangguh ||

16. ari jalu Radèn Mas Garêndi | abagus kinaot | ingkang pinêca dados ing têmbe | madêg prabu nanging tan alami | wontên ratu bali | lire Kendhang wangsul ||

17. kathah ngabdi wong Kartasurèki | kapyarsa sang katong | dadya narendra kabatinane | anyigèni mring kang raka kêdhik | Jayakusumèki | satunggil kang sunu ||

18. Dèn Mas Surada namanirèki | pan Pangeran Selong | ingkang sêpuh Wiramanggalane | datan pêputra mung pulunèki | kang samya dèn ambil | malih kang winuwus ||

19. Radèn Irmaya kang rabi putri | kang wus sinung lunggoh | ing nagari Dêmak sapalihe | nama Tumênggung Suranatèki | ing mangke ngêmasi | dene putrinipun ||

20. dèrèng patutan [patuta...]

--- 21 : 78 ---

[...n] Dèn Ajêng Umik | nênggih kang wiraos | Radèn Martakusuma ing mangke | nèng Majênang sampun dèn luwari | tinariman putri | lan nagarinipun ||

21. sinung nama Sujanapurèki | ing Dêmak pilunggoh | Dèn Ajêng Umik pinaringake | atut dènira apalakrami | nèng Dêmak sapalih | Sujanapura wus ||

Lajêng nyandhak jilid: 22.

--- 21 : [0] ---

Isinipun

126. Radèn Bêrahim, turunipun Surapati, mrinani sadhèrèkipun ingkang kenging pambujukipun Kumpêni. (Dhandhanggula). ... kaca 7

127. Kraman tiyang Nusatêmbini. Ingkang Sinuhun Mangkurat Jawi seda, dipun gêntosi putra, ajêjuluk Ingkang Sinuhun Pakubuwana II. (Dhandhanggula). ... kaca 11

128. Ingkang Sinuhun têdhak ing dalêmipun ingkang raka Pangeran Arya Mangkunagara. (Sinom, Asmaradana). ... kaca 21

129. Miyosipun Radèn Mas Said. Pangeran Arya Mangkunagara dipun kendhangakên. (Asmaradana, Mijil). ... kaca 28

130. Patih Danurêja kautus dhatêng Batawi. (Pangkur, Kinanthi). ... kaca 35

131. Kangjêng Ratu Kancana ngagêm guna dhêsthi. (Dhandhanggula, Asmaradana). ... kaca 45

--- 21 : [0] ---

... kaca Kaca:

132. Sèh Wôngsawana mêca badhe kadadosanipun Radèn Mas Sujana lan Radèn Mas Saksi (Said). (Asmaradana, Sinom). ... kaca 55

133. Patih Danurêja dipun kendhangakên. (Sinom, Dhandhanggula). ... kaca 59

134. Santana Mangkuratan wangsul dhatêng tanah Jawi. (Dhandhanggula, Asmaradana, Sinom). ... kaca 69