Sastra Jawa

Program Digitalisasi Sastra Daerah

  • Increase font size
  • Default font size
  • Decrease font size

Babad Tanah Jawi, Balai Pustaka, 1939-41, #1024 (Jilid 22)

Katalog:Babad Tanah Jawi, Balai Pustaka, 1939-41, #1024
Sambung:
1.Babad Tanah Jawi, Balai Pustaka, 1939-41, #1024 (Jilid 01). Kisah, Cerita dan Kronikal | Babad Tanah Jawi #1010.
2.Babad Tanah Jawi, Balai Pustaka, 1939-41, #1024 (Jilid 02). Kisah, Cerita dan Kronikal | Babad Tanah Jawi #1011.
3.Babad Tanah Jawi, Balai Pustaka, 1939-41, #1024 (Jilid 03). Kisah, Cerita dan Kronikal | Babad Tanah Jawi #1012.
4.Babad Tanah Jawi, Balai Pustaka, 1939-41, #1024 (Jilid 04). Kisah, Cerita dan Kronikal | Babad Tanah Jawi #1013.
5.Babad Tanah Jawi, Balai Pustaka, 1939-41, #1024 (Jilid 05). Kisah, Cerita dan Kronikal | Babad Tanah Jawi #1014.
6.Babad Tanah Jawi, Balai Pustaka, 1939-41, #1024 (Jilid 06). Kisah, Cerita dan Kronikal | Babad Tanah Jawi #1015.
7.Babad Tanah Jawi, Balai Pustaka, 1939-41, #1024 (Jilid 07). Kisah, Cerita dan Kronikal | Babad Tanah Jawi #1016.
8.Babad Tanah Jawi, Balai Pustaka, 1939-41, #1024 (Jilid 08). Kisah, Cerita dan Kronikal | Babad Tanah Jawi #1017.
9.Babad Tanah Jawi, Balai Pustaka, 1939-41, #1024 (Jilid 09). Kisah, Cerita dan Kronikal | Babad Tanah Jawi #1018.
10.Babad Tanah Jawi, Balai Pustaka, 1939-41, #1024 (Jilid 10). Kisah, Cerita dan Kronikal | Babad Tanah Jawi #1019.
11.Babad Tanah Jawi, Balai Pustaka, 1939-41, #1024 (Jilid 11). Kisah, Cerita dan Kronikal | Babad Tanah Jawi #1020.
12.Babad Tanah Jawi, Balai Pustaka, 1939-41, #1024 (Jilid 12). Kisah, Cerita dan Kronikal | Babad Tanah Jawi #1021.
13.Babad Tanah Jawi, Balai Pustaka, 1939-41, #1024 (Jilid 13). Kisah, Cerita dan Kronikal | Babad Tanah Jawi #1022.
14.Babad Tanah Jawi, Balai Pustaka, 1939-41, #1024 (Jilid 14). Kisah, Cerita dan Kronikal | Babad Tanah Jawi #1023.
15.Babad Tanah Jawi, Balai Pustaka, 1939-41, #1024 (Jilid 15). Kisah, Cerita dan Kronikal | Babad Tanah Jawi #1024.
16.Babad Tanah Jawi, Balai Pustaka, 1939-41, #1024 (Jilid 16). Kisah, Cerita dan Kronikal | Babad Tanah Jawi #1025.
17.Babad Tanah Jawi, Balai Pustaka, 1939-41, #1024 (Jilid 17). Kisah, Cerita dan Kronikal | Babad Tanah Jawi #1026.
18.Babad Tanah Jawi, Balai Pustaka, 1939-41, #1024 (Jilid 18). Kisah, Cerita dan Kronikal | Babad Tanah Jawi #1027.
19.Babad Tanah Jawi, Balai Pustaka, 1939-41, #1024 (Jilid 19). Kisah, Cerita dan Kronikal | Babad Tanah Jawi #1028.
20.Babad Tanah Jawi, Balai Pustaka, 1939-41, #1024 (Jilid 20). Kisah, Cerita dan Kronikal | Babad Tanah Jawi #1029.
21.Babad Tanah Jawi, Balai Pustaka, 1939-41, #1024 (Jilid 21). Kisah, Cerita dan Kronikal | Babad Tanah Jawi #1030.
22.Babad Tanah Jawi, Balai Pustaka, 1939-41, #1024 (Jilid 22). Kisah, Cerita dan Kronikal | Babad Tanah Jawi #1031.
23.Babad Tanah Jawi, Balai Pustaka, 1939-41, #1024 (Jilid 23). Kisah, Cerita dan Kronikal | Babad Tanah Jawi #1032.
24.Babad Tanah Jawi, Balai Pustaka, 1939-41, #1024 (Jilid 24). Kisah, Cerita dan Kronikal | Babad Tanah Jawi #1033.
25.Babad Tanah Jawi, Balai Pustaka, 1939-41, #1024 (Jilid 25). Kisah, Cerita dan Kronikal | Babad Tanah Jawi #1034.
26.Babad Tanah Jawi, Balai Pustaka, 1939-41, #1024 (Jilid 26). Kisah, Cerita dan Kronikal | Babad Tanah Jawi #1035.
27.Babad Tanah Jawi, Balai Pustaka, 1939-41, #1024 (Jilid 27). Kisah, Cerita dan Kronikal | Babad Tanah Jawi #1036.
28.Babad Tanah Jawi, Balai Pustaka, 1939-41, #1024 (Jilid 28). Kisah, Cerita dan Kronikal | Babad Tanah Jawi #1037.
29.Babad Tanah Jawi, Balai Pustaka, 1939-41, #1024 (Jilid 29). Kisah, Cerita dan Kronikal | Babad Tanah Jawi #1038.
30.Babad Tanah Jawi, Balai Pustaka, 1939-41, #1024 (Jilid 30). Kisah, Cerita dan Kronikal | Babad Tanah Jawi #1039.
31.Babad Tanah Jawi, Balai Pustaka, 1939-41, #1024 (Jilid 31). Kisah, Cerita dan Kronikal | Babad Tanah Jawi #1040.

Regi f 0.50

Babad Tanah Jawi

Jilid: 22

Bale Pustaka - Batawi Sèntrêm

--- 22 : [1] ---

Serie No.1289u

Babad Tanah Jawi

Jilid: 22

Gègèr Pacina

Bale Pustaka - Batawi Sèntrêm - 1940

--- 22 : [2] ---

Wêwênangipun ingkang ngarang kaayoman miturut anggêr ingkang kapacak ing Sêtatsêblad 1912 No. 600

--- 22 : [3] ---

135. Kangjêng Ratu Kancana seda

22. duk samana ing Kartasurèki | langkung kathah ing wong | wuwuh-wuwuh kang praja arjane | nadyan alame ramea nguni | tan kadya ing mangkin | nagri arjanipun ||

23. ingkang môngka macaning nagari | pakêkêsing kang wong | asor timbang wong praja ajrihe | dhasar pinasrahan anduwèni | dènira narpati | bangbang alum-alum ||

24. Pangeran Arya Purubayèki | lire pêpatih jro | kerut sagung wong lumaku gawe | miwah môncanagara pasisir | awit sami ajrih | dadya ngrês kabutuh ||

25. kayu urip sinêmbura mati | wit lodhoh ron rontog | kayu mati sinêmbur samane | mring Pangeran Purubaya urip | gawe ala dadi | gawe bêcik bacut ||

26. pêpatihe pan mèh kadya wakil | anurut kapêngkok | kang anindakakên nagarane | watak wantêr aganas mêdosi | analajuk kêdhik | adigung gumunggung ||

27. Kumpêni kang jaga jroning puri | dènira makuwon | ing sitinggil kang eyang alame | Jêng Sunan Pakubuwana swargi | rong panjênêng maksih | jêng sinuhun prabu ||

28. pan Kumpêni misih nèng sitinggil | ing mangkya linorod | ngandhap kilèn sitinggil ênggène | langkung kagyat [kagya...]

--- 22 : 4 ---

[...t] sagung pra dipati | tan purun maoni | kerut wurut katut ||

29. tuwin rahadèn rêkyana patih | mung gèdhèg andongong | amalênggong anggulung lagune | pan ing ngriku angsal babah margi | kaid pra dipati | ingkang sêpuh-sêpuh ||

30. nanging dèrèng purun angatawis | nanging wiwit kono | panyoloke selak wanining rèh | angowahkên pratingkah wus dadi | tan ana tinari | kabèh punggawagung ||

31. wus akaid lan radèn apatih | wus rêmpêg ing batos | mring Kumpêni pamulah wus olèh | nanging winatara maksih ajrih | iriban sayêkti | ngupaya mring tungkul ||

32. kang tinaha Ratu Kancanadi | pramèswari katong | milara rêg-orêg mring gora rèh | duk samana temponing pakarti | wadya sanagari | angrês manahipun ||

33. Ratu Kancana pêputra malih | ingkang mijil wadon | tan apanjang kang putra yuswane | lajêng seda nulya tan alami | wawrat pramèswari | kyèh sangsaranipun ||

34. dadya lamine wawrat grahnèki | sungkawa sang katong | dènnya sangêt kang garwa gêrahe | abusêkan wadya sanagari | sagung pra dipati | ngupaya dhêdhukun ||

35. sawawêngkoning karaton Jawi | tan ana nabuh gong | sidhêm kayon tanah Jawa kabèh | mung Carêbon lawan ing Batawi | ana rêbab muni | kênong lan calêmpung ||

36. samya sêkêl santanagung alit | akathah punang wong | ingkang

--- 22 : 5 ---

mratapa dhinatêngake | miwah para ngulama paralit | pinundhutan sami | ing pandonganipun ||

37. enggal alair wawratanèki | aywa walangatos | nanging dèrèng antara labête | mila datan antuk dhahar guling | mangunêng wiyadi | kang sri natanipun ||

157. Sinom

1. dhêdhukun awarna-warna | Jakarta Pasundhan prapti | saking Ciamis Ciancang | Sumêdhang Sukapurèki | Limbang imba nagari | Ngukur Karawang Cianjur | Bandhung Parakan Muncang | ana jalu ana èstri | sapangetan kêrig kang urut Toyamas ||

2. Pasuruan Surabaya | Bawean Kangean prapti | Sumênêp Sampang sadaya | samya dhatêng ngusadani | tan ana kang tinampik | para usada tumanduk | pinarêng babarira | wawratan sang pramèswari | miyos jalu nanging tan antara seda ||

3. sangsaya sangêt samana | gêrahira pramèswari | ing mangkya agung kantaka | usada andina prapti | tan ana angênèni | langkung barusah sang prabu | Pangeran Purubaya | tugur anèng dalêm puri | siyang dalu kang munggèng ngarsa sang nata ||

4. yèn katungkul sri narendra | Ratu Kancana dènnyangling | mring Pangeran Purubaya | kang êmas paduka benjing | yèn kawula ngêmasi | dhongkola andika nganggur | sampun lumakyèng karya | Pangran Purbaya tan angling | sênggruk-sênggruk kasaru prapta sang nata ||

5. sang nata gupuh ngandika | hèh bapa kayapa iki | Pangran Purbaya wotsêkar | anawu waspanirèki | inggih sangêt [sangê...]

--- 22 : 6 ---

[...t] sang aji | mung kêdhik wontên dhanipun | dene kêrêp ngandika | sinimpangakên sinandi | wau ingkang pangandika Jêng Ratu Mas ||

6. mangkana ing gêrahira | sangsaya alami-lami | baya sampun jangjining Hyang | tan kêna dèn usadani | kang para usadadi | sadaya sami tumimbul | prapta jangjining ajal | seda Ratu Kancanèki | lingsir kilèn Soma Manis sasi Bêsar ||

7. nuju salikur kang tanggal | taun Je sinêngkalani | wruh rasa ngobahkên jagat |Sengkalan: wruh rasa ngobahkên jagat (1662 A.J.). gumuruh tangis jro puri | putra katiga putri | kêkalih satunggil jalu | rinêbut pra santana | kadya kapati nangisi | sri narendra jêtung tan kêna ngandika ||

8. wimbuh lir krubuhan arga | Lawu Mrêbabu Marapi | ginggang tyas maring pangwikan | sakala sri narapati | sinirêp datan kêni | saya sru gumêr gumuruh | kadya nêngkêr triloka | sajro pura myang ing jawi | sanagara prihatin kaya matia ||

9. kang layon wus siniraman | samêkta paripurnèki | binêkta marang Mataram | têtiga wadana jawi | sapanêkare kêrig | Jayasudirga Tumênggung | Tumênggung Mangkuyuda | Tumênggung Natayudèki | wadana jro Tumênggung Mangunnagara ||

10. kajawi mantri Mataram | sadaya apan kinêrig | lan Pêpatih Pangabeyan | Kabuminatan tan kari | wanci rêp angkatnèki | riris awor lesus ulur | dhêdhêp sajroning pura | atine tan ana milir | pêksi gêmak amêlung ulung swaranya ||

11. kadyarsa nusul cinêgah | solahe [so...]

--- 22 : 7 ---

[...lahe] lara prihatin | pêpêthetan jroning pura | dinulu tan ana mosik | kadya milu prihatin | panjêtunge kayu-kayu | ngarang pucang ngragancang | madhidhing kang tiris gadhing | kadya ngênês anis ingkang prabangkara ||

12. munggèng panêpèn sang nata | wagugên ing gêng wiyadi | anawung bramara kentar | lir winêjêg tyasiraji | sumaput manaputi | lêmpit tan rèrèh kalimput | mengas gandaning sêkar | tanpa sah syuh ing kaswasih | lir winasuh lêsah sangsaya barubah ||

13. kang putra katri tan kêna | anyêlaki ing ramaji | mire mirong karurungan | angarang tyase angaring | rongèh murang karingring | amirangrong rangu-rangu | yèn ta sampun ajriha | ing larangane Hyang Widi | murang-murang bêrung anêmpuh larangan ||

14. sangsaya alama-lama | marême sri narapati | emut tinitah narendra | môngka kalipahing Widi | anggung amarentahi | suranata myang pangulu | angajèkkên ing garwa | mêmule marang kang lalis | pitung wulan sampun kenging siniwaka ||

15. tuwin miyos pawatangan | eca tyas wong sanagari | dènira sri naradipa | lêjar dènira prihatin | amung wêwagêl malih | dening dhudhane sang prabu | yêkti gawe darajad | ratu datan pramèswari | ing jro pura tan darbe nama ratu mas ||

--- 22 : 8 ---

136. Radèn Ayu Taman, tiyang ayu ing Pathi

16. wontên putrane kang paman | kagarwa sampun alami | nama Dèn Ayu Kusuma | warnane sêdhêng rêspati | nanging sri narapati | atêbih ing kramanipun | putranipun kang paman | panggih naking-sanak kalih | ingkang putra Panêmbahan Hèrucakra ||

17. tulus têbihe sang nata | tan bisa carêm ing krami | lan putri Kahèrucakran | susah malih pra dipati | wontên kawuwus malih | Mangunonêng pocotipun | saking Pathi kinarya | panèwu gêdhe wong Jawi | tumut Radèn Arya Malayakusuma ||

18. nanging ing batin ginarap | ing Pangran Purubayèki | Mangunonêng tinimbalan | mring Pangeran Purbayèki | sampun dèn bêbisiki | nèng pahamanpamêhan. tan ana wruh | hèh Mangunonêng sira | dèn jêmbar tingalirèki | ngêndi ana wong wadon kang luwih endah ||

19. ingkang punjul sanagara | ing kana nagri pasisir | kang saksat apsari kendran | sukur yèn wijine bêcik | sanadyan tanpa wiji | yèn punjul suwarnanipun | Mangunonêng tur sêmbah | dhuh gusti wus kasèp mangkin | inggih wontên pawèstri punjul sajagat ||

20. ragi mambêt lamat-lamat | karab kawula ing Pathi | nênggih ingkang darbe wayah | ing Giri dèn Singasari | ingkang pêjah prang nguni | duk eyang paduka prabu | Sinuhun Amangkurat | nalika bêdhahing Giri | kang mêjahi Panêmbahan Natapraja ||

21. Pangran Dilangu punika | pêjah [pê...]

--- 22 : 9 ---

[...jah] Radèn Singasari | punika adarbe putra | inggih nama Singasari | rabi angsal ing Pathi | anake èstri kang sêpuh | nama Dèn Ajêng Taman | warnane punjul sabumi | tanpa timbang yèn isine madyapada ||

22. wikana ing endraloka | ing tri buwana tan manggih | kang kadi Dèn Ajêng Taman | sakurêbing nungsa Jawi | ayu-ayune sami | anyèthia dèrèng patut | putri ing tanah Jawa | sadaya dadia cèthi | mawongana pantês mring Dèn Ajêng Taman ||

23. nanging sampun emah-emah | inggih gusti dèn tukoni | wolung atus kêton kêna | melik Radèn Singasari | kadangipun Ngabèi | ing Trêbaya lakinipun | angling Pangran Purbaya | sanadyan mangkono ugi | iya kêni pinurih lawan paekan ||

24. lakine ya patènana | yèn uga kalakon mati | dadi wulanjaring kêmbang | angaturna ingsun wani | marang ing sri bupati | alah dhudhane ratumu | pantês munggah ratu mas | ujar punjuling sabumi | lumakua tindakna parentah ingwang ||

25. Mangunonêng pinaringan | yatra kalih atus nênggih | ing saguna-gunanira | ingsun ingkang ambeyani | sukur sira pribadi | kang matènana wong iku | sun ganjar ing Japara | mêdanani wong pasisir | sapanêngên gone kaki Citrasoma ||

26. Ki Mangunonêng umêdal | lajêng mring nagri pasisir | kang nêdya alaku cidra | praptane nagri pasisir | datan arsa ngawaki | sêdyane mung adu-adu | picis satus kinarya |

--- 22 : 10 ---

ambayar durjana sami | lami-lami tan wêrit pratingkahira ||

27. Citrasoma amiyarsa | langkung gugupe tyasnèki | tan wurung gawe malarat | maring anak putunèki | sayêmbarane dhêmit | jangji reyal limang atus | kinêncèngkên samana | sapa kang sanggup matèni | babar pisan nyuduk Radèn Ayu Taman ||

28. milik durjana Japara | lumampah anyidrèng wêngi | bakda ngisa praptanira | ing Trêbaya maling sêkti | nuju mring pawon mijil | pan ginandhok pawonipun | maling bêdhah pagêrnya | manjing pawon kèh pawèstri | wong lêlima maling lêbune tan taha ||

29. ginoco Dèn Ayu Taman | aniba lajêng ngêmasi | pamrihira Citrasoma | masiha wong wadon iki | katura ing narpati | ing Japara ilangipun | dene sampun miyarsa | yèn Pangran Purubayèki | angupaya kênane Dèn Ayu Taman ||

30. Pangran Purbaya miyarsa | Mangunonêng tiwasnèki | prakara Dèn Ayu Taman | lakine nora ngêmasi | wêkasan ingkang èstri | kêna cidra patinipun | pasthi yèn kawanguran | gèbrèh ingkang mawi kardi | Mangunonêng tinimbalan praptanira ||

31. pinocot panuwunira | mring Pangeran Purbayèki | dadya têmah kalêndhangan | misih wisma ing nagari | dadi bangsat sayêkti | mangkana malih winuwus | wong Pasisir miyarsa | kabèh wus elik ing batin | sêngit ajrih mring Pangeran Purubaya ||

--- 22 : 11 ---

32. lawan wontên wong suwita | mring Pangeran Purbayèki | Dipasana magang Tuban | akathah pênêde malih | lawan wonge abêcik | kinêcèkan kinèn nukup | mring kang dadi bupatya | Suradiningrat ing Tubin | Dipasana nora wruh sandining gêlar ||

33. angamuk dalu amindha | wong nukup desa paminggir | karya gègèr nagri Tuban | Suradiningrat miyarsi | lamun Dipasanèki | kang duwe pokal nênukup | kang magang Purubayan | prayitna angati-ati | pinêndhêma prajurite anèng desa ||

34. kang anênukup kacandhak | kadange Dipasanèki | binêkta marang nagara | katur ing radèn apatih | Citrasoma barêngi | lan Jayaningrat wus rêmbug | nangis marang ki patya | yèn kèndêla ki apatih | botên sande rat Jawa kêna asmara ||

158. Asmaradana

1. pinanggihan gêdhong kèri | wadana pasisir samya | sangêt samya panangise | pijêr tangkêpe wong Jawa | rahap pratingkahira | yèn ingajak cidrèng laku | ingajak jagal tumragal ||

2. wus rawuh ingkang prakawis | rahadèn rêkyana patya | rumaos yèn nêngna bae | rusake nagri ing Jawa | tan kêna suminggaha | wus manjing bicaranipun | Dipati Natakusuma ||

3. ginitik saking Kumpêni | ingkang kinarya pangulah | ing Japara pêpatihe | Ki Wiramantri kalawan | pêpatih Pakalongan | Jayadipa kang tumanduk | sarta cap ingkang pangwasa ||

4. rahadèn rêkyana patih | ingkang nyanggêmi [nyang...]

--- 22 : 12 ---

[...gêmi] pratingkah | kang kinarya wiwitane | palatênge mring Walônda | Kumpêni kang anjaga | kadhaton nèng sitiluhur | linorod panggenanira ||

5. tan atari pra dipati | ingkang sami tuwa-tuwa | miwah marang pêpatihe | pan angingu satru tapa | barang tindak ing praja | gaprak-gapruk angalêthuk | wong Jawa kêkês agiras ||

6. Kumpêni graitèng ati | arèrèh pangarahira | datan arsa age-age | wuwusên rêkyana patya | arsa ngaturi wikan | marang sira sang aprabu | wong Tuban rusuh angarah ||

7. kawula atampi tulis | saking Kumêndur Samarang | lamun rayi dalêm mangke | anênggih Pangran Purbaya | ngêculakên wong edan | kêkês sadaya sang prabu | pasisir môncagara ||Kurang satu suku kata: pasisir môncanagara.

8. nênggih kang dipun ajani | pun Dipasana ing Tuban | luhung pinundhuta mangke | anênggih pun Dipasana | ingabên lawan sima | dosa adamêl won agung | sang nata nuruti patya ||

9. pinundhut marang narpati | wau ta Ki Dipasana | Pangeran Purbaya kagèt | dening duta saking nata | tan saking kapatihan | sanalika tyase kêju | nanging ta agêng ing manah ||

10. ing dina Soma tinangkil | sang nata angabên sima | Dipasana sakadange | pêpitu manjing sadaya | nanging kris dede adat | wong Galadhag sami takut | kris saking Pangran Purbaya ||

11. tan angangge dèn kikiri | dhuwung wutuhan kewala | milane gêlis patine |

--- 22 : 13 ---

macan kang kapitu bebas | nanging Pangran Purbaya | awit sêkêl manahipun | yèn dalu anggung kêkadhar ||

12. kang tinari wadyanèki | pêpatih Sumawicitra | lan Côndrawilasitane | lawan Mas Gôndakusuma | lêlurah paranakan | anakipun Ki Tumênggung | Yudanagara Toyamas ||

13. Gôndakusuma Mas Konthing | bujôngga Trunanggadara | Ki Sutayuda wus dene | tinari paran ta baya | mungguh sariraningwang | iya karsaning sang prabu | paran gon ingsun miliha ||

14. wong Jawa iki pan uwis | nora kêna binêcikan | yèn tinatrapan lupute | têka padha salah cipta | malês agawe ala | baya karsaning wong agung | nora kêna kinayapa ||

15. Ki Sutayuda wotsari | pukulun wong Kartasura | mangkya elik sadayane | inggih dhatêng ing paduka | kang tan lumakyèng karya | sudagar lindhung-panglindhung | sami gêdêr ing pocapan ||

16. yèn Pangeran Purbayèki | tumama agawe susah | mêngko wus babak kulite | sêmbur adas ing nagara | babake besuk bunyak | môngsa wurunga ing besuk | babak korèng dadi bubrah ||

17. suka gumuyu miyarsi | Pangran Arya Purubaya | gêmpil maras prihatine | alon dènira ngandika | hèh iya iku muga | kang junjung darajad ingsun | maring Hyang ingkang minulya ||

18. wis katog wong Jawa iki | ginawe bêcik tan kêna | bupati durjana kabèh | lamun mêmaling konangan |

--- 22 : 14 ---

dèn elingake numbak | tan dadi tarimanipun | kudu andadra alanya ||

19. nuhun sagung kang tinari | sadalu tan ana nendra | ing siyang ngandikan malèh | sami ngandikan dhadharan | kang punar loncom aglar | wadya kang asowan wuwuh | aglar munggèng palataran ||

20. prapta Radèn Êmas Said | amêng-amêng saking pura | panakawan jro rowange | prapta dalême kang paman | prapta ing ngarsanira | Pangran Purbaya lingnyarum | dèn parêk kene dhodhoka ||

21. dhodhok nèng ngarsanirèki | anulya kinèn ngadêga | sinawang sawusnya kinèn | dhodhok malih ginogohan | lathine mring kang paman | sarwi ngandika gumuyu | mring wadya kang ngadhêp samya ||

22. Ki Megasutayudèki | kalawan Sumawicitra | Gôndakusuma wus dene | akathah kang para tuwa | angling Pangran Purbaya | bocah iki dadi pamuk | ing besuk sapa kang wruha ||

23. dadi manggalaning jurit | nuragèng rat sasanèng rat | ing aprang abot sanggane | nuhun kang sami miyarsa | wadya Kapurubayan | sadaya tumut andulu | mring dèn mas ingkang pinêca ||

24. sami muwus bisik-bisik | kadi lamun makatêna | dèn mas puniki cahyane | nalaga mutyara muncar | kocak ing anranggana | Pangran Purbaya akêju | anjêtung wungu tyasira ||

25. karaos kadangirèki | salêp pan kadya nunggila | ing têmbe nèng nagri Selong | kaya graita supêna | supe siniwèng bala |

--- 22 : 15 ---

katututan manah emut | nanging wus anênggak waspa ||

26. bubaran ingkang apikir | radèn mas mantuk ing pura | katiga lawan kadange | pan sami kawêlas-arsa | winor lan panakawan | sabarang kariyanipun | tan ana labêting putra ||

27. kungkulan piangkahnèki | lawan anake wong ala | kang sinihan ing sang katong | baya karsaning Hyang Suksma | tarima dadi tapa | ing guwa jêmbar satuhu | wania upamanira ||

28. ya ta ing alami-lami | lakine Dèn Ayu Taman | sampun miyarsa wartine | yèn patine rabinira | ingkang witing prakara | saking Pangran Purbayèku | sigra dènnya tilar wisma ||

29. pamit ing wong tuwa sami | pratignya marang dhuwungnya | Si Kasur têtilarane | Adipati Martalaya | tan mulih-mulih ingwang | yèn tan kêrisku Si Kasur | manjing wêtênge Purbaya ||

30. sanake sami nangisi | nanging adrêng apratignya | lunga ambanting ragane | minggah arga mudhun jurang | tapa aji limunan | upama nyuduka gapyuk | aywa kongsi kawistara ||

31. lan panêdhaning Hyang Widi | kang agawe kasusahan | kênaa ing wêwalêse | adiling Hyang kang misesa | nèng têpining samodra | pêpanggihan sami liwung | sami wong anandhang susah ||

32. pelinging taju nawawi | ratu aja gawe susah | iya maring sawiji wong | ingkang kapara sikara | agêng alit pan ora | bineda ing kukumipun | satriya mantri dipatya ||

--- 22 : 16 ---

33. mila jênênging narpati | wajibe anyêlakêna | wong kang akèh wêwekane | awis tibaning kukumah | ing jagat sinaringan | arang wong kasandhung gunung | kang wus têtela katingal ||

34. yèn kang kasandhung karikil | bilainipun akathah | ing kina ondhe-ondhene | ratu kang nandhang dêduka | satriya pra dipatya | kèh alit tawananipun | tan ana lawan sapadha ||

35. sami lêlawanan alit | mangkana ing nusa Jawa | akèh gêgampang adile | lamun atos ingunduran | kalaku yèn wong Jawa | ingkang êmpuk dèn kalêthuk | yèn rosa pan ora bisa ||

36. kang margagah dèn singgahi | yèn wong bapang sinimpangan | angodha marang wong gêdhe | yèn akêndêl marang raja | ladak nora jinêjak | angèl ngèngkèl kumalungkung | ngukum taha mring santana ||

37. yèku nora ambêrkati | ing praja sura kasurang | ngèthèrakên darajate | mangkana Ki Kandhuruan | wadana sèwu pêjah | kêmlurusên sakitipun | sêsingunên ing parentah ||

38. turanggane dèn suduki | wontên ing pasowanira | anuju ing dina Sênèn | Pangran Arya Purubaya | ingkang darbe parentah | kasangêtên amrih takut | cakuta sabarang karya ||

39. pan karukti dèrèng warni | tangkêbe Ki Kandhuruan | norantuk pangapurane | maring Pangran Purubaya | ingkang gêntèni lênggah | Garwakôndha namanipun | pulunane Wiraguna ||

--- 22 : 17 ---

137. Pangeran Purubaya kalorod kalênggahanipun, lajêng dipun kendhangakên dhatêng sabrang

40. adiling parusa wiwit | rêntênge wong sanagara | awit ing nagara bênthèt | wau kang juru mangulah | manjing mring Batawiyah | prapta surate gurnadur | wus katur ing sri narendra ||

41. yèn Pangeran Purbayèki | anusahakên wong Jawa | paran ing karsa sang katong | Kumpêni inggih sumôngga | sakarsane sang nata | yèn Pangeran Purbayèku | susunan gêng sih akêkah ||

42. yèn maksih cipta angathik | yèn kathah wong kasusahan | tan wande dadi bubrahe | nagri tuwan tanah Jawa | awit kathah wong susah | yèn kalakona puniku | ing têmbe sri naranata ||

43. sampun sambat ing Kumpêni | Kumpêni botên uninga | karsane sang nata dhewe | nadyan sapanginggil pisan | Kumpêni tan uninga | sri narendra duk angrungu | lir tinêbak ing mong tuna ||

44. langkung sungkawa wiyadi | lir lêlara sèwu nampak | mêpêki panas pêrihe | sêrat sampun ingurmatan | kalawan winangsulan | nganti pinikir rumuhun | inggih ta môngsa sandea ||

45. luwih saking sêdhih kingkin | angèl pamêdhoting trêsna | mring Pangran Purubayane | dadya wayang awuyungan | langkung bot ingkang trêsna | dadya amupus sang prabu | atolèh kang panjênêngan ||

46. dene bangêt ing Kumpêni | panêdhane mring Pangeran | Purubaya

--- 22 : 18 ---

lamun awèt | tan wande ngrusak nagara | dene kathah wong susah | saking ambêksura nêmpuh | tan bisa mrih guladrawa ||

159. Dhandhanggula

1. miyatani surating Kumpêni | dadya sang nata wêdharing trêsna | nanging pêparon manahnemanahe. | Pangeran Purbayèku | ingandikan praptèng jro puri | nèng gêdhong dhêdhêmitan | tan ana kang wêruh | sri bupati angandika | sira bapa jinaluk maring Kumpêni | lamun sun kukuhana ||

2. sayêktine ambôndakalani | dadi amutung gurnadur jendral | amung akalku mangkene | sun kon lunga sirèku | iya aja ana nagari | kaloka ingsun buwang | anèng Têgalarum | saduwèkira sun jarah | kalairan batin sasukanirèki | gawanên sênêngira ||

3. sira yayi yèn bisa nglakoni | iya murwèng asmaradilaga | sun amini ing batine | laire ingsun mungsuh | kaya eyang Mangkurat swargi | lawan Si Surapatya | kang rayi tumungkul | tur sêmbah anênggak waspa | pintên banggi kadi tan sagêd nglampahi | môngsa sagêda nulak ||

4. ing adrêse kang pelor Kumpêni | swargi paman paduka narendra | bôndha bandhu prajurite | akathah wadya suyud | tur akôntha kanthong akanthi | nguni Sultan Balitar | lan bala pukulun | Panêmbahan Purubaya | botên tahan nadhahi pelor Kumpêni | mangke malih sagêda ||

5. angandika alon sri bupati | beda dhingin lan mêngko yayi mas | dhingin siyal satêmêne |

--- 22 : 19 ---

iki ta idin ingsun | lamun sira bisa miwiti | madêg murwèng ayuda | prabeya sakingsun | nêmbah Pangran Purubaya | inggih datan lênggana nging pintên banggi | sagêd anglampahana ||

6. sampun sandika tinundhung mijil | radèn rêkyana patih ngandikan | lawan Tirtawigunane | wus praptèng ngarsa prabu | angandika sri narapati | hèh paman kaya ngapa | surate gurnadur | têka anjaluk si bapa | kayaparan ing bêcike pikir iki | rahayune linakwan ||

7. matur nêmbah rahadèn apatih | nuhun sumôngga karsa sang nata | pan sarwi anglembatake | kang Tirtawigunèku | kayaparan pikire iki | sang nata angandika | iya Tir sun pundhut | ing pikirmu kang prayoga | nêmbah matur pukulun sri narapati | gawat kalangkung awrat ||

8. upamane yèn angeman kancil | botên sande yèn kecalan gajah | ing praja tan wande rêngkèg | punang katèl ambuntut | randhu alas ingkang prakawis | yêkti agêng ing wuntat | tur angèl kang kantun | kriwikan dados grojogan | rayi tuwan inggih nêsêki nagari | panarkaning Walônda ||

9. lamun sampun tinarka nêsêki | yêkti botên wande ngêmprak-êmprak | nagari dalêm wiyose | anjêtung sang aprabu | duk miyarsa langkung prihatin | radèn rêkyana patya | anambungi wuwus | yèku kang Tirtawiguna | nora ana enake têka sadhidhik | sida wurung pan ala ||

10. yèn [yè...]

--- 22 : 20 ---

[...n] gindhala saking ing nagari | bêndara Pangran Arya Purbaya | manira bingung têmahe | kadarung wayang-wuyung | pan ginubêl ing anak rabi | angling Tirtawiguna | ki lurah puniku | witning yèn kinukuhana | ngeman jênthik abela wêntise kalih | tan kenging winicara ||

11. angandika alon sri bupati | ora paman bênêr iku uga | Si Tir iku wicarane | payo padha amupus | buwang trêsna ingkang akêdhik | angemana kang kathah | jagad rêngkanipun | sira paman amupusa | pasthining Hyang tur sêmbah rahadèn patih | nuhun inggih sandika ||

12. wus tinundhung mijil radèn patih | lawan Tumênggung Tirtawiguna | sang nata nimbali age | Wirajaya prapta wus | jroning pura ngarsa narpati | dinuta andhawuhna | dêduka sang prabu | mring Pangeran Purubaya | sigra sira ngirid sakancaning mantri | praptane Purubayan ||

13. dhinawuhan dêdukaniraji | pinêcat saking kaparak kanan | lungsure kawêdanane | lawan lajêng tinundhung | tan kalilan anèng nagari | sinung prênah gènira | dhusun Sêkararum | puniku desa pradikan | pradikane nênggih kang rama suwargi | Panêmbahan Purbaya ||

14. prênah sukuning wukir Marapi | ingkang kidul dhusun Sêkargônda | pan acacah têlung lawe | akathah tiyangipun | duk dhawuhe kang dêdukaji | otêr wong Purubayan | wuyungan abingung | tan bisa mulat bêndara | wus pinundhut namane Purubayèki | mantuk Purwakusuma ||

--- 22 : 21 ---

15. binodholkên maring Sêkarwangi | Kaliwon Radèn Wirataruna | asmaradana kanthine | parentahe sang prabu | saha garwa dene kang abdi | jalu nênêm kewala | miwah èstrinipun | luwih saking nêm tan kêna | kawlas-asih sapraptane Sêkarwangi | lèr masjid inganggenan ||

16. mangun ibadah manahe alit | tan kèmutan pitungkas sang nata | amung arêbut badane | kamulyan ing jro lampus | sabên dalu dènira guling | anèng latar kêkadhar | anjungkung mangunkung | angêningkên kaonêngan | mangunênge nimpang rèh saking nagari | mung wêkasane pêjah ||

17. kang ngatêrkên sadaya wus mulih | dutèng nata kang kari winarna | Radèn Purwakusumane | ing wuri kathah rawuh | praptanira sami anilib | Sutayuda Ki Mega | lawan malihipun | Mas Konthing Gôndakusuma | miwah Jayasamudra praptane nênggih | sami lara karuna ||

18. aturipun dhuh anggèr suwawi | sampun tungkul paduka tampia | ing narendra sasmitane | rakanta sang aprabu | nadyan silih botên liyani | suwawi murwèng laga | umadêg prang pupuh | abdi paduka Toyamas | ing Matawis miwah ing môncanagari | sadaya ngarsa-arsa ||

19. labuh sumungkêm ing pati urip | ananggulang asmaradilaga | sêtun ayun wruh rupane | wong ing Kartasurèku | bupati kang sami ajail | têmpahatêmpuha. ing ngayuda | pangran ngandikarum | hèh paman Jayasamudra | Konthing Mega aja [a...]

--- 22 : 22 ---

[...ja] wèh susah ing bumi | duraka ing nagara ||

20. wus pinasthi karsaning Hyang Widi | wruhanira ing nagara Jawa | kari têlung taun bae | iya kapat lumaku | kadhawuhan rênguning Widi | wiwit nagara rêngka | ing panduganingsun | katon sasmitaning suksma | nora kêna tinulak ing tanah Jawi | apan wus karsaning Hyang ||

21. kawuwusa malih ing nagari | kang gêntèni Pangran Purubaya | ing bumi Jawa danane | Natayuda Tumênggung | kang kinarya kaparak nênggih | ngirid têtindhih jêksa | Ki Natayudèku | wadana kaparak kanan | ing Bumija wadanane kang kinardi | Radèn Mangkukusuma ||

22. Radèn Sukrama kala duk alit | sadhèrèkira Ki Mangkuyuda | kang saking putri ibune | sampun nama Tumênggung | Mangkupraja wus rabi putri | mangkana kang winarna | Kumpêni angrungu | dutanira Jayaningrat | Citrasoma sêrate rahadèn patih | lampahe kang ingêmban ||

23. sampun dhatêng surating Kumpêni | katur ing nata wus tinupiksa | Rekop Duhansah ature | sawusnya tabenipun | kathah-kathah katur sang aji | kula atur uninga | pun kaki gurnadur | lan sagung radpênindiya | takèn warti dènnya wus miyarsa warti | yèn dhusun Sêkargônda ||

24. dhusun agêng kang dipun ênggèni | gènnya marnah Pangeran Purbaya | datan prayoga yêktine | sônggarunggi gènipun | pama maling wus nyandhing gunting | bok beka ngôngka-ôngka | rikat karya ewuh | elinga karyaning bapa |

--- 22 : 23 ---

wus agawe nandhêsing pelor Kumpêni | Panêmbahan Purbaya ||

25. dadya kagète tyasira aji | sigra dinuta Si Rajasônta | kinèn marnah ing Kadêmèn | kang rayi ênggènipun | sapraptane ing Sêkarwangi | Pangeran Purubaya | dhinawuhan sampun | maring Kadêmèn binêkta | dhusun alit suwung tur sukuning wukir | akithal tur akiwa ||

26. ing kapatihan gunêm sawêngi | Jayaningrat lawan Citrasoma | wong pasisir panêkare | bupati ingkang agung | ingkang darbe miris ing galih | prasamya pinundhutan | arta sumbang surung | liyane wadananira | ingkang sampun sami katonton tyasnèki | arta ngumpul salêksa ||

27. kinirimkên mring nagri Batawi | lampahing duta ing Pakalongan | lan ing Japara kanthine | tinêdha sirnanipun | saking nagri ing tanah Jawi | lamun misih katingal | lan misih karungu | malang tumolih sang nata | datan wande pinundhutan apurèki | marang gurnadur jendral ||

28. yêkti kêna mulih lami-lami | pasthi rusake manungsa Jawa | pra dipati kèh inggate | ajrih konanganipun | wus tumama praptèng Batawi | masah wus tinarima | surate lumaku | kang saking gurnadur jendral | tan winarna ing Kartasura wus prapti | katur marang sang nata ||

29. tinupiksa langkung tyas wiyadi | sri bupati anamun ing driya | akarya arêm-arême | nalika gêrahipun | rajasunu nênggih narêngi | Pangeran Purubaya | kala angkatipun |

--- 22 : 24 ---

pinarnah ing Sêkargônda | malah kongsi ngalih mring Kadêmèn maring | waluya rajaputra ||

30. sri narendra maringi udani | marang Rahadèn Purwakusuma | kang pinarnah ing Kadêmèn | kalamun rajasunu | wus ingangkat namanirèki | pangeran adipatya | duta praptanipun | duk dhawuhe langkung suka | Radèn Purwakusuma lawan kang rayi | dèn ayu sami suka ||

31. kunêng malih ing praja winarni | sri narendra dhatêngakên kajat | nadar kang putra gêrahe | amidhang kaulipun | Kapanasan pasare nênggih | têdhak sang bumipala | bêkta rajasunu | cinêndhak wus kalampahan | pamidhange ya ta malih kang winarni | nata wus anyudaka ||

32. Radèn Singaranu kang tinuding | animbali Pangeran Purbaya | ingkang wontên ing Kadêmèn | wus kerid lampahipun | sapraptane Kartasurèki | tan kêna pêpanggiha | lan raka sang prabu | jujug ing loji kewala | lawan garwa dening kawulanirèki | anèng ing kapatihan ||

33. Sumawicitra pêpatihnèki | kang satunggil Côndrawilasita | tigang dalu antarane | nênggih sapraptanipun | ing Kadêmèn dinadak malih | Pangeran Purubaya | linêpaskên sampun | sinabrangkên pulo Selan | atmajane kêkalih prasami èstri | satunggil kang binêkta ||

34. lan kang ibu Radèn Ajêng Akik | Radèn Ajêng Ijo kang tinilar | kawlas-asih duk angkate | tanggal ping pitulikur | amarêngi Jumadilakir | anuju ing taun [ta...]

--- 22 : 25 ---

[...un] Dal | sasêngkalanipun | rasa nabi mantri gana |Sengkalan: rasa nabi mantri gana (6316 A.J.). tunggil taun pangulu kêna bilai | marga atmajanira ||

35. katanggor baya dening rêrêpi | kang pinanggih nèng sajroning pura | katumah dening citrane | ing asmarakung lulut | anakira wus dèn patèni | nèng wetan sitibêntar | sakidul trambuku | kuwônda pinaring mêdal | mring pangulu lan dhawuh dukèng narpati | ki pangulu pinêcat ||

36. lan tinundhung saking ing nagari | kinesahakên marang ing ayah | ki pangulu lan rabine | mangkat dinakad esuk | pan pangulu mungguh ing batin | timbanganing narendra | nandhang susah langkung | parwata Marapi obah | aglis muntab gora rèh kagiri-giri | gumludhug ing ngawiyat ||

37. kantar-kantar kumantar kang api | kadya krodhaning Bramana Kala | giris kang miyarsa kabèh | dahana kang sumawur | swaranira anggêgêtêri | sawusnya pitung dina | rèrèh punang gunung | api pêt bênthèt nagara | dalajate sêrêng dukaning narpati | tan ana ngalangana ||

38. kang kinarsakakên anggêntosi | kêtib anom rêmpêg pra dipatya | lan radèn patih ature | dene kamantu putu | mring pangulu sang nata nguni | Sinuhun Amangkurat | dadya wus alungguh | pangulu ing Kartasura | duk samana sri naranata dhatêngi | ing kajat kaulira ||

--- 22 : 26 ---

138. Ingkang Sinuhun têdhak anadar dhatêng Matawis

39. duk kang putra pangeran dipati | gêrah sangêt sang nata anadar | yèn waluyaa putrane | mimba saking kadhatun | Kapanasan kang dèn idhangi | pan sampun kalampahan | têdhake sang prabu | midhang pasar Kapanasan | saha bala lan kêrig sajroning puri | sampurna kaulira ||

40. nulya ngarsakkên dhatêng Matawis | prêlu angujung lêluhurira | ing Magiri Pasar Gêdhe | myang panitikanipun | Girilaya karsaniraji | asêsambèn cangkrama | budhale sang prabu | kadya Girindrakusuma | gunging bala lan busana warni-warni | saking arjaning praja ||

41. wadya aglar kang para dipati | para garwa kang munggèng jêmpana | manggung pêpingitan kabèh | munggèng ing garbong agung | amung ratu ibu kang kari | kang têngga jroning pura | wadana kang kantun | amung kêkalih kewala | jawi lêbêt katiga radèn apatih | kang kantun têngga praja ||

42. liyaning kang punika kinêrig | pra dipati pra mantri satriya | wadyagung lir samodra rèh | budhale sang aprabu | ping sawêlas Jumadilakir | Rêbo Pon sinangkalan | enjing budhalipun | catur anggas rasa tunggal |Sengkalan: catur anggas rasa tunggal (1664 A.J., 1739/1740 A.D.). urmat mriyêm pagêlaran lan ing loji | angrontok roning kamal ||

160. Sinom

1. awor swaraning kang bala | gora rèh kagiri-giri | anglir kêtug prakampita | saking gêng bala lumaris |

--- 22 : 27 ---

tuhu nyela blakithi | latangiman awun-awun | wadya tanpa wilangan | ing ngarsa kang pra dipati | munggèng wuri pra santana saha bala ||

2. lir wimbaning diwangkara | prabaning kang busanani | sumunar awarna-warna | wadyendra datanpa wilis | angrèb muntab dalidir | gumarêbêg gumaludhug | arjane tanah Jawa | luwih saking nguni-uni | myang sugihe sri narendra balanira ||

3. kawan dalu anèng marga | yèn masanggrahan narpati | lir udaya dorimawan | balabare kang wadyaji | praptèng Garjitawati | ing Ngayugya kawan dalu | kunêng wontên winarna | santana ingkang prihatin | duk samana Pangran Arya Têpasana ||

4. awit karsane kang raka | Pangran Wiramênggalèki | duk wau arsa angkatan | nênggih saking ing nagari | kang raka dèn aturi | ngiring-iring ngiras ujung | apan ta kang timbalan | sang nata mring santananèki | pan kalilan ngiras ngujung mring astana ||

5. Pangeran Wiramênggala | tinari marang kang rayi | mring Pangeran Têpasana | kang raka tan purun uni | mangkya sang nata prapti | ing Ngayugya duk sadalu | juru kunci Ki Jimat | prapta dutane tur paksi | mring Pangeran Têpasana yèn kang raka ||

6. Pangeran Wiramênggala | praptane wus tigang latri | nèng Magiri Pajimatan | kêdah angujung rumiyin | minggah amundhut kori | kang juru kunci tan purun | yèn anyoroga lawang | anisani sri bupati | Pangran Wiramênggala [Wiramêngga...]

--- 22 : 28 ---

[...la] duka amêksa ||

7. kuncine mêksa tan suka | brawala wong ing Magiri | pacak akumpul gêgaman | yèn pinêksa bilaèni | Pangran Têpasanèki | duk miyarsa langkung ngungun | ling sarwi têbah jaja | pagene kakang mas iki | duwe karsa tan prayoga kudu beka ||

8. hèh Pangran Sêtrawijaya | lumakua mring Magiri | kakang êmas ucapêna | dene duk anèng nagari | kakang mas sun aturi | sarta timbalaning ratu | angiring-iring ngiras | tan arsa mêngko dhingini | anisani lakune kang dadi raja ||

9. anggawa gêgaman pira | kakang mas praptèng Magiri | apana saparo baya | lan balane sri bupati | dene ta wani-wani | brengkal kuwasaning ratu | katura sri narendra | pasthi ingsun kang tinuding | angantêpa gurdakane kakang êmas ||

10. lah ta iku pikir apa | culika maring nagari | murang kramaning santosa | angala-ala kang bêcik | duta umêsat aglis | ing Magiri prapta sampun | duta Katêsanan |Kurang satu suku kata: duta Katêpasanan. umatur saha wotsari | ngaturakên ingkang rayi runtikira ||

11. yèn paduka datan kesah | inggih sadintên puniki | saking tanah Pajimatan | sayêkti katur sang aji | tan wande andhatêngi | dêdukanira sang prabu | inggih rayi sampeyan | kang badhe ngêmban rêruntik | yèn mariki sayêkti sarta gêgaman ||

12. Pangeran Wiramênggala | wau kalane miyarsi | mring dutane arinira | Pangeran [Pange...]

--- 22 : 29 ---

[...ran] Têpasanèki | maras tyasira ajrih | wus kesah sarowangipun | mung tiyang tiga wêlas | têtiga nitih turanggi | lampahira anilib nalasak desa ||

13. wus prapta ing Kartasura | kunêng wuwusên sang aji | kang pêpara saha bala | makuwon Garjitawati | wusira gangsal latri | cinarita lajêng ujung | mring lêluhur sadaya | ing Pasar Gêdhe Magiri | Girilaya tuwin marang Panitikan ||

14. sarta mêmule sidhêkah | tilawat santri angaji | wusnya mangkana sang nata | lajêng dènira cangkrami | lan sagung pra dipati | pra mantri satriyanipun | bêbêthèk buron wana | banthèng kidang lawan kancil | apadene kang mesa andanu kathah ||

15. apan manjing garogolan | wau jêng sri narapati | munggèng garêbong kinalang | ing wadya kang magêrsari | sagung kang pra dipati | kinarsakakên ingadu | angêmbari andaka | sarta munggèng ing turanggi | gantya-gantya wadana kaliwonira ||

16. wagêd mantri yèn wong jaba | yèn wong jro panèkêt sami | wong jaba kathah kang tiwas | panèkêt kaparak sami | akathah ingkang wani | tur wagêd dènira tarung | yèn rakêt buwang watang | anarik pêdhangiraglis | sinurakan ing nata langkung sukanya ||

17. kang andaka katriwandhan | pinêdhang miwah cinundrik | rêbahira sigra mara | kang wadya Suranatèki | anêmbêlèh tumuli | lajêng katur ngarsa prabu | kang prawira ginanjar | arta busana mêpêki | langkung samya berag panèkêt kaparak ||

--- 22 : 30 ---

18. agantya kang pra wadana | wadana sèwu miwiti | Ki Tumênggung Garwakôndha | umangsah nitih turanggi | ngagêm lawung mangarsi | ginosok kang buron agung | wontên pêdhotpêdhèt. lumumpat | narajang Garwakandhèki | kagèt giwar lumayu tumbake tiba ||

19. sinurak alir ampuhan | Garwakôndha mêmpis-mêmpis | duk tumingal sri narendra | alingsêm kalangkung runtik | anulya dèn dhawuhi | kawêdanane ginantung | bawat miwah kandhaga | misuwur dosanirèki | Garwakôndha pêdhèt dadyaloking kathah ||

20. anulya kaliwonira | Ngabèi Cakrajayèki | atmajane Danurêja | pêpulih sigra anitih | turôngga dèn camêthi | mring ngarsa angêmbat lawung | banthèng wus ginosokan | tuwaburu kang juroni | kang andaka lawung nêngah dhangah-dhangah ||

21. gumuruh surak wurahan | satêngah ana ngarani | ika mêngko baya tiwas | mandah kaliwone maning | enjuha angêmbari | ing banthèng kang nêdhêng lawung | wau pêdhèt kewala | wadanane amalêncing | ya ta caruk Cakrajaya lan andaka ||

22. aluwês turangganira | sartane ingkang anitih | banthèng kinitêr tinumbak | watgata lambunge kering | surak gumuruh atri | sang nata suka andulu | andaka misih sura | sang nata akèn nulungi | kang umangsah panèkêt gêdhong kaparak ||

23. kaparak Ki Ekawôngsa | gêdhonge Martabayèki | kang andaka kinatigan | amubêng pangamuknèki | nubruk narajang keri |

--- 22 : 31 ---

kang munggèng wuri anglambung | banthèng bali narajang | Ekawôngsa anadhahi | kacakuthak kêna caruk banthèng ngundha ||

24. dhadha bauning turôngga | kapêlag ing sungu kalih | panèkêt ambuwang tumbak | aglis dènnya narik cundrik | surak gumuruh atri | kang alok wong ika lampus | sapa kang nadhahana | yèn banthèng wus tawan kanin | gya rinanggèh cinundrik dhêngkule kiwa ||

25. kancane tulung narajang | wus ambuwang tumbak sami | tuwin sira Cakrajaya | ambuwang watangiraglis | narik kalewang sami | amarjaya suku pungkur | banthèng jola anglumba | angundha Ekawangsèki | kapalêsat lan kudane nora tiba ||

26. sang nata kalangkung suka | salamine mung puniki | wadya kang sami kinêmbar | amrawasèng banthèng julig | wong katri ngalewangi | kang andaka wus ngalumpruk | pêjah tan katututan | suka sawadyagung alit | kang panèkêt kalih kèh ganjaranira ||

27. Cakrajaya wus ingêbang | badhe kinarya bupati | yèn wus kondur sri narendra | marang Kartasura benjing | dene apatih kari | nèng Kartasura anunggu | Radèn Natakusuma | mila karsane sang aji | nora dhawuh parentah nèng pacangkraman ||

28. mangkana andina-dina | nèng Mataram sri bupati | dènira don kalangênan | baya sasmitaning Widi | watangan nèng Matawis | wong sikêp sami tinuduh | asodor papah gêdhang | rame nèng luhur turanggi | ting talêbok wong sikêp kathah kang tiba ||

29. punika [puni...]

--- 22 : 32 ---

[...ka] kang dadya suka | marwata suta narpati | sawontêne ing Mataram | kathah dalajate wuri | kèh wisma jro nagari | kinagêtih lawangipun | darijèn ponang êrah | miwah gêbyog dèn pèlèti | pan warata wisma sajroning nagara ||

30. akathah kang dadi gora | ngalamat rêngkaning bumi | woh waringin salin warna | kadya barondong kaèksi | ana gêdhang wohnèki | tuntute sami asungsun | wolu sanga sawêlas | mangkana sri narapati | nèng Mataram praptèng kawan dasa dina ||

31. kondure sri naranata | gumuruh bala lumaris | sapraptanira nagara | egarenggar. kang wadyagung alit | luwar rêntênging kapti | akathah salah pangrungu | panimpanging graita | pan wus adate wong Jawi | satilare sang nata kathah asmara ||

161. Asmaradana

1. wus ngadhaton sri bupati | antawis ing tigang dina | ingandikan mring kadhaton | rahadèn rêkyana patya | praptane ngarsa nata | dhinawuhkên sidanipun | pocote Ki Garwakôndha ||

2. wadana sèwu anênggih | lawan êmbane sang nata | Ki Wirapati namane | mangke kinarya wadana | ing jro gêdhong kang kanan | Mangunnagara gènipun | ingingsêr dadi wong jaba ||

3. wadana sèwu dèn gèni | Tumênggung Mangunnagara | Ki Wirapati namane | Ki Tumênggung Wirarêja | wadana gêdhong kanan | dene ta kaliwon sèwu | Ki Ngabèi Cakrajaya ||

4. tinanêm [tina...]

--- 22 : 33 ---

[...nêm] Batang nagari | Tumênggung Batang pinêcat | kang gumantya kaliwone | wong Sèwu Ki Wôngsadipa | kalêgèn wijilira | Ki Tumênggung Batang wau | karuna sakadangira ||

5. nanging timbalan sang aji | Tumênggung Batang kang pêcat | tan kalilan sakadange | mantuk ing pasisir samya | kinèn milwèng nagara | ing Kartasura pan sampun | awisma Suraprameyan ||

6. mangkana arjaning bumi | ing Kartasura kalintang | lamine tan kadi mangke | suka sugih sanagara | tan ana kasusahan | gung alit miwah pangindhung | tan ana kang kêkurangan ||

7. amung wong Jawagung alit | anjangkah angôngka-ôngka | yèn besuk Pangeran Selong | binatang dadi narendra | Pangeran Têpasana | mila kathah kapiluyu | suwita ing Kaselongan ||

8. wontên ing Marat sayêkti | kulah langgar Kaselongan | rong dina mijil umbule | kang rayi wus mangkat seba | Pangeran Têpasana | kang raka akèn anusul | Pangeran Wiramênggala ||

9. ingkang sampun dèn adhêpi | wêdale umbuling kulah | adrêse kadya ginawe | kaliru graitanira | Pangran Wiramênggala | panyanane iku wahyu | kêmbang nurbuat karatyan ||

10. kang wus seba dèn tututi | pangeran ing Têpasana | kacandhak anèng salère | ing Kamlayan wangsulira | prapta jujug ing kulah | kang raka wus anèng ngriku | Pangeran Wiramênggala ||

11. kang rayi jêtung ningali |

--- 22 : 34 ---

Pangran Arya Têpasana | èsmu sandea driyane | kèwêdan graitanira | kang raka angandika | yayi mas paran puniku | aja graita yèn ala ||

12. yêktine puniki bêcik | dene ta atêtimbangan | panangkilan ing sang katong | waringin kumukus ika | lan soka sitibêntar | iya kang padha kumukus | sayêkti puniku ala ||

13. kang rayi dèn bêbisiki | nglairkên ngalamatira | yèn wus karsaning Hyang Manon | para tan kêna suminggah | yèn têtulung wong Jawa | pratôndha yèn dadi umbul | yayi kulah pakênira ||

14. nanging wau ingkang rayi | ngecani sarat kewala | kang raka pangandikane | batine ing manah susah | beda lawan kang raka | graitanira manjuluk | pardikane kaluputan ||

15. kondur mring dalêm kang rayi | lajêng asare kewala | Pangran Wiramênggalane | kang nimpang graitanira | murade kang alamat | nora rêsik sêlak munthuk | kasusu awon ing manah ||

16. ala dèn arani bêcik | kadi ngalêm kudu opyak | suka kawruhan ing akèh | nora tartib manahira | yèn aja pangerana | yêkti maloto agêmblung | lamun mungguha wong jaba ||

17. murade nora patitis | kasusu ing bungahira | dene buru alêmane | ngalamat kang pasthi ala | banyu iku wicara | wicara ala kang mumbul | nuli kêna ing dêduka ||

18. dêdukane kang dadyaji | lawas enggal kalampahan |

--- 22 : 35 ---

mangkono kang satêmêne | ngalamat udaling toya | iku murat prayoga | barang owah kang kadulu | kabèh pan alamat ala ||

19. wong agung nora praniti | Pangeran Wiramênggala | tyase kadya rare angon | mangkana ngalama-lama | angambil pangupaya | Puspadirja mantunipun | mring Pangeran Têpasana ||

20. kang kinathik ingkang nilib | mring Pangran Wiramênggala | pan mantuka ponakane | arine Batang kapêcat | manjing upayanira | Pangeran Têpasanèku | sapolahe tan uninga ||

21. kang arsa jumênêng aji | Pangeran Wiramênggala | Puspadirja jarumane | bicara lawan kapitan | amangun êbang-êbang | amuwuhi untungipun | Kumpêni kang anèng Jawa ||

22. kapitan anyôngga krami | angenaki basa-basa | linandhung bilih parênge | kunêng gantya kawuwusa | sang natèng Kartasura | anggung miyarsa wêwadul | angandhêg ujar kang liwat ||

23. pan wus adate wong Jawi | bisa angadoni rasa | saking gumyah pamirsane | saking ujum para tapa | yèn benjang tanah Jawa | mulih malih warisipun | karaton mring Kaselongan ||

24. dadya sang nata nimbali | Kya Patih Natakusuma | sapraptane jro kadhaton | ing ngarsanira sang nata | alon dènnya ngandika | ya paman sira angrungu | kang kaya pangrunguningwang ||

25. kakang mas Têpasanèki | kakang mas Wiramênggala | wong petangan akèh badhe | yèn besuk madêg [ma...]

--- 22 : 36 ---

[...dêg] narendra | kyana patih tur sêmbah | pukulun inggih sang prabu | tan pantês yèn ginaliha ||

26. dene warti tanpa uwit | pukulun manawi beka | ing kêkadang ngêcrahake | owêl rêngating santana | inggih lamun kawula | têtêp ing karsa sang prabu | angêmbani panjênêngan ||

27. manungsa ing tanah Jawi | môngsa ta inggih mrojola | gusti etang-etangane | wontên ing asta kawula | mèsêm sri naradipa | iya paman aja tungkul | barang tingkah kawruhana ||

28. dene dalajating bumi | paman akèh warna-warna | kaya cêpak ana gawe | tangtunetamtune. ing tanah Jawa | tan bisa anganggura | iya ing rongpuluh taun | nuli ana prang ing wuntat ||

162. Pangkur

1. miwiti bênthèting praja | Kartasura kathah dalajat prapti | ana gêdhang tuntut sungsun | sungsun papat lêlima | malah kongsi asungsun pitu wêwolu | akèh pucang mayang kêmbar | kumukus ingkang waringin ||

2. waringin ing panangkilan | awoh pêcah lir barondong kaèksi | lintang kumukus ing dalu | grahana surya wulan | kayu soka ing sitibêntar kumukus | Ki Gunturgêni sanjata | tumètès mijil kang warih ||

139. Gègèr Pacina ing Bêtawi

3. nahan prajèng Kartasura | winursita nagari ing Batawi | kang wus mashur arjanipun | anglangkungi raharja | pan Kumpêni punika ingkang amangun | angrêbda dadya kitharja | pasir wukir loh jinawi ||

--- 22 : 37 ---

4. nagri panjang apunjungan | jangkung mure anrus raras rêspati | pirang-pirang praja rawuh | ingkang dagang alayar | tanah sabrang sami kathah untungipun | pirang jinis kang awisma | karasan anèng Batawi ||

5. Kumpêni gêgêdhenira | pan gurnadur jendral ingkang panggiling | kutha Intên kuthanipun | ingkang môngka punggawa | idlèr rolas para bicara puniku | rolas kang radpênindiya | dhirèkturipun satunggil ||

6. kang môngka sor-soran jendral | duk nalika punika ing Batawi | kathah rêrasan karungu | gorane arja rêngat | nging Kumpêni santosa bêbudènipun | samana kang dadi jendral | Pèrgo Ardian Pan Kênir ||

7. dhirèktur ingkang pamungkas | ing bicara idlèr sor-soranèki | sukêrtarising gurnadur | anama Idlèr Gustap | Pandêr Ardyan Wilhèlêm Baron Pan Emup | kang para radpênindiya | namane sawiji-wiji ||

8. Hèr Johanis têdhèng lawan | Hèr Pan Kêlon lan Idlèr Pan Dêr Buni | Hèr Wispalên Rêndêr Sagru | lan Idlèr Mênir Patras | Idlèr Aslar Nêstidhènês Hèr Pan Bêgun | lan Idlèr Witresarhotan | Dulkup Sutilêm Pan Igin ||

9. wontên ing mudha prawira | nama Idlèr Wicaksana Al Pisin | nanging wuri ênggènipun | limpad putus wêweka | lawan malih pak kumisaris tumênggung | sawang ing bicara Jawa | samana nagri Batawi ||

10. wong Cina ingkang awisma | padhusunan miwah kang pinggir wukir | kang ananêm sayur-sayur |

--- 22 : 38 ---

kathah kang dèn sikara | dèn pitênah budhak-budhak main anggung | siya-siya mring wong Cina | awit saking kuli-kuli ||

11. kang kalah top mring padesan | yèn amanggih wong Cina dèn dhèdhèli | rinampas saduwèkipun | Cinane tinabokan | yèn abôngga wong Cina banjur pinênthung | pan sabên dina mangkana | datan ngajèni pêpati ||

12. kang awisma pagunungan | pan sadaya Cina sêdhih janggigis | kuli-kuli angkuhipun | maring Cina kaliwat | pan ginawe pambayêman rintên dalu | malah tan antuk sêsaba | sakèhe Cina ing wukir ||

13. wontên pituwaning Cina | tuwa anggêp binapa-bapa sami | saking entar budinipun | abangkit ngèlmu sulap | ngèlmu sikir yèn ing kasantikan putus | kabudayan kanuragan | èstu cêlêk ngèlmu culik ||

14. asugih bôngsa karabat | ingkang sami wisma anèng Panggiling | tanah Gôndariyasèwu | namane Cik Sapanjang | anggraita awit ing sikaranipun | Kumpêni wong-wonganira | pitnah gêng kang para kuli ||

15. Cik Sapanjang pêparentah | mring bangsane wong Cina ing Panggiling | tanah Gôndariyasèwu | kabèh para sèngingwang | yèn mangkene karêpe Kumpêni iku | wong gêdhe-gêdhe tan ana | pariksa mring Cina cilik ||

16. bature padha dèn umbar | asikara nglêbur Cina Panggiling | tanah Gôndariyasèwu | lah padha tukupana | sabên bêngi malingana duwèkipun | sarta wismane

--- 22 : 39 ---

bongana | rampasên donyane sami ||

17. yèn katungkul patènana | sarupane kiwa têngên Panggiling | tanah Gôndariyasèwu | rusak dening kinampak | akèh rusak wong padesan turut gunung | dening maling malang-malang | angèdhèng ngadhang bilai ||

18. abeka dadining karya | ing batine Cina kaku tyasnèki | angkat sura angkat nêmpuh | apranga lan Walônda | wus sadhiya kumpul kaprabon prang pupuh | miwah kêkumpulan bôngsa | para sèng kang jinis-jinis ||

19. sami kinèn pradandanan | mring Sapanjang kabèh Cina Panggiling | tanah Gôndariyasèwu | nanging dèrèng ngatingal | sampun kathah nênggih kêkaitanipun | anganti sangat kewala | wus arakit maksih pingit ||

20. amung wong Cina tan pêgat | anênukup padesan pinggir wukir | urut Gôndariyasèwu | gêmpur kang tinukupan | wus anekad Sapanjang sabangsanipun | abeka mati margagah | kawêntara dadi jurit ||

21. mangkana pratingkahira | yèn wong Cina kang wontên ing Panggiling | tanah Gôndariyasèwu | sagung rad pan indiya | amiyarsa yèn wong Cina dadi pandung | ginunêm sagung bicara | rinêmbug anom rêspati ||

163. Sinom

1. Willêm Baron Idlèr Gustap | Pan Emup pikirirèki | wong Cina pratingkah ala | kabèh padha dadi maling | wong Cina ing Panggiling | tanah Gôndariyasèwu | apênêd cinêkêlan | mupakat sagung radpêni | anglampahkên [anglampah...]

--- 22 : 40 ---

[...kên] kapri anyêkêli Cina ||

2. antuk kalih atus Cina | praptèng loji dèn bêloki | katur ing Gurnadur Jendral | Pargo Ardian pan Kênir | parentahe Pan Kênir | Cina Gôndariyasèwu | kinèn anyabrangêna | kinarya bantu ngajurit | pinaringan wong siji nyalawe dinar ||

3. sinjang wulung lawan pêthak | anyakayuh Cina siji | Emup kinèn angangkatna | numpak saking ing Batawi | Emup ingkang angirid | sapraptanira ing laut | bandan Cina sadaya | Emup parentah numpêsi | kang wong Cina ginêbyurakên sadaya ||

4. kathah ngamuk kang wong Cina | jro kapal gègèr kèh mati | kang lumuh gêbyur sagara | ngrukêt angamuk Kumpêni | mila rame kèh mati | Cina Gôndariyasèwu | akèh julig pratingkah | akèh kang bisa anglangi | gawa papan saasta praptèng dharatan ||

5. lajêng dalu lampahira | sapraptanira Panggiling | nênggih tanah Gôndariya | lan Sapanjang wus apanggih | katur sapolahnèki | duk tinumpês anèng laut | Sapanjang duk miyarsa | krodha ngumpulkên bangsèki | prapta aglar Sapanjang gitika meja ||

6. bangsaningsun apa guna | Kumpêni mêngko wus kawit | angrusak marang wong Cina | payo dèn padha arakit | yèn wus akumpul sami | paraboting aprang pupuh | iya samôngsa-môngsa | gon ingsun amangsah jurit | kang wong Cina myarsa wangsiting Sapanjang ||

7. prasami akêkaitan |

--- 22 : 41 ---

busana kaprabon jurit | akathah kang wus samêkta | kalih èwu winêtawis | kiwa têngên Panggiling | tanah Gôndariyasèwu | kang têbah maksih kathah | prapta gunêm samya kait | kunêng malih wuwusên gurnadur jendral ||

8. wontên kang atur uninga | lamun wong Cina Panggiling | prasami akêkumpulan | nêdya magut ing Kumpêni | sagung Cina Panggiling | tanah Gôndariyasèwu | panutane Sapanjang | kang arsa amurwèng jurit | ambêksura pamuke mring Batawiyah ||

9. dadya Cina jro nagara | mring jendral kang dèn timbali | kapitane salawe prah | ing kitha Intên wus prapti | apan dèn wiji-wiji | mring jendral patakènipun | prakara bangsanira | iya wong Cina Panggiling | padha kumpul arsa amurwèng ayuda ||

10. kapitan kang salawe prah | umatur botên udani | sadaya kang pinariksa | rêmpêg tan ana udani | yèn Cina ing Panggiling | tanah Gôndariyasèwu | kumpul kapraboning prang | kapitan salawe mukir | wus tinundhung mêdal Cina salawe prah ||

11. kasaru ing praptanira | kang saking lautan bali | Pan Emup Idlèr Pamungkas | lawan gurnadur wus panggih | kathah aturirèki | wong Cina duk wontên laut | kang sami garundêlan | kaduwung solahirèki | karandhatên gunême Cina Sapanjang ||

12. kang arsa amurwèng yuda | wus alami amrih margi | baris pêndhêm sampun dandan | kumpul nanging dèrèng lair | wong Cina

--- 22 : 42 ---

ing Panggiling | tanah Gôndariyasèwu | suwawi kinèndêlna | puniki prang nagri Kucing | pan ing ngriki Cina amangun bêbaya ||

13. wontên Cina siji prapta | Cik Lim Co namanirèki | Blingla tekon wismanira | tukang teko kuru aking | acilik rêngkik-rêngkik | tanpa larapan dharusul | kagyat radpan indiya | miwah gurnadur nakèni | Cina apa sira prapta ngarsaningwang ||

14. Cik Lim Co alon turira | kula umatur sayêkti | saking rumaos kawula | wontên tanah ing Batawi | nyandhang mangan kuwawi | Kumpêni pan sawabipun | mangke bôngsa kawula | arsa purun mring Kumpêni | sayêktine pun Lim Co matur balaka ||

15. sampun lami kêkaitan | Sapanjang kang mugarèni | ulu-uluning pratingkah | anut Cina urut wukir | gilig Cina Panggiling | tanah Gôndariyasèwu | badhe amagut ing prang | anggêcak kitha Batawi | ya ta mèsêm sagunging radpan indiya ||

16. ngandika Gurnadur Jendral | Pèrgo Ardian Pan Kênir | Lim Co iku apa nyata | tuturira maring mami | yèn Cina ing Panggiling | tanah Gôndariyasèwu | surambêk nêmpuh arsa | umagut ing prang lan mami | dene para kapitan kang salawe prah ||

17. padha sun undang sadaya | nora ngaku sun takoni | mukir Cina salawe prah | siji tan ana ngakoni | yèn Cina ing Panggiling | tanah Gôndariyasèwu | ambêk sura sayaga | arsa umagut ing jurit | bôndawala ing pamuke Ki Sapanjang ||

--- 22 : 43 ---

18. memba wimbaning baskara | urang rok dora sayêkti | sagung kang para kapitan | salawe bohong sayêkti | Si Lim Co iki cilik | duwe pangrasa satuhu | kêlare nandhang mangan | lamine anèng Batawi | sangking sawab Kumpêni gurnadur jendral ||

19. sinung dinar wolung dasa | Cik Lim Co suka nampèni | gurnadur alon ngandika | ya ingsun tarima kasih | yèn sira arsa grami | dharatan miwah ing laut | ingsun awèh pawitan | pan sira Lim Co wèh bêcik | yèn salamêt besuk sun gawe kapitan ||

20. wis Lim Co sira muliha | anulya tabe umijil | ing wuri apagunêman | jendral lan para radpêni | kang pinikir wus dadi | asigra wau gurnadur | manggil kapitan Cina | satunggil prapta ing loji | pan kapitan tuwa nama Kapitan Kan ||

21. dinuta bêkta kareta | Kapitan Kan mung pribadi | binêktan êmas satalam | lawan satalame siti | wus mangkat mring Panggiling | tanah Gôndariyasèwu | praptèng kampung Sapanjang | Kapitan Kan sampun panggih | lan Sapanjang Êkan dhawuhkên parentah ||

22. hèh Sapanjang rungokêna | gurnadur nuduh ing mami | lan sagung radpênindiya | pitungkase amrih bêcik | panggawe ala dhingin | Kumpêni ajak anglêbur | kang wus alêlarutan | kang kari karia bêcik | yèn sira prang wong cilik kang karusakan ||

23. lah iki sira piliha | mas satalam lawan siti | Sapanjang gitika meja |

--- 22 : 44 ---

krodha winga-winga wêngis | iya tan arsa bêcik | lêbura dadia bubuk | êmas ingsun tan arsa | lêmah arêp lawan malih | aprang wani mêngko besuk tan suminggah ||

24. apa gawene bêcika | Kumpêni liwat ngalani | mêngko wus putung tyas ingwang | lan sakèhe bôngsa mami | wong Cina ing Panggiling | tanah Gôndariyasèwu | kabèh nekat anêmah | wani aprang lan Kumpêni | nora kêna ing mêngko iki bêcika ||

25. Kapitan Kan wuwusira | angrapu angarih-arih | lah Sapanjang aja kêras | Kumpêni wus nêdya bêcik | aran anêdya eling | kang padha luput linêbur | nututi kabêcikan | wong lali tinimbang eling | aja sira karya susah ing akathah ||

26. Sapanjang bêngis angucap | agèdhèg kapalanèki | apa sira dudu lanang | Cina jro kitha sirèki | beda Cina Panggiling | tanah Gôndariyasèwu | kabèh padha wong lanang | wani aprang wani mati | wus sêdhênge tumpang rèh madyaning laga ||

27. warahên gurnadur jendral | kirim mas satalam iki | ingsun ora arsa êmas | lan kirim satalam siti | yèku ingsun karêpi | lan ajar prang ingsun purun | lah uwis Kapitan Kan | pan aku tan arsa bêcik | wus muliha tuturên ingsun wus nêmah ||

28. wus mulih Kapitan Êkan | ing kutha Intên wus prapti | katur ing Gurnadur Jendral | Pèrgo Ardian Pan Kênir | matur rèhnya tinuding |

--- 22 : 45 ---

saking Gôndariyasèwu | yèn Sapanjang wus pugal | ambêk sura nêmpuh jurit | datan kêna rinapu sampun anekad ||

29. angungun gurnadur jendral | Kapitan Kan kinèn mulih | radpênindiya bicara | wus rêmpêg sigra ngundhangi | yèn Cina ing Panggiling | tanah Gôndariyasèwu | wus pasthi dadi mêngsah | wong Cina jro kitha sami | ingundhangan sira kabèh milu sapa ||

30. yèn milu Kumpêni sira | yèn dagang ingsun pawiti | lamun sira milu jaba | maring bangsanira sami | wong Cina ing Panggiling | tanah Gôndariyasèwu | tinggala gêdhongira | iya ing sadina iki | angumpula ing Panggiling Gôndariya ||

31. yèn nganti suruping surya | wong Cina jro kitha iki | pasthi tan kêna sêsambat | wong Cina jro kitha sami | sanggup milu Kumpêni | Cina pirang-pirang èwu | sadaya ingundhangan | cukura jêjenggot sami | lan barêngos kabèh Cina jroning kitha ||

32. kunêng gantya winursita | wuwusên Cina Panggiling | Sapanjang wus apratôndha | ngumpul Cina urut wukir | tuwin Cina Panggiling | tanah Gôndariyasèwu | kumpul kapraboning prang | pukul bêndhe pukul bèri | wus angadêg anama Kapitan Panjang ||

33. Cik Ngau ingkang pinacak | môngka sor-soran sasisih | lan Cik Èng sami kapala | dening palêmpaking baris | sampun apacak baris | wontên Cina patang èwu | kècune pitung [pi...]

--- 22 : 46 ---

[...tung] dasa | kambu Cina urut wukir | nadyan rare kaki-kaki anut wuntat ||

164. Pangkur

1. Cik Tèng Mulu kang kinarya | lurah ècu-ècu iku pan mantri | sabên sabanderanipun | ana ècu satunggal | kang satêngah kêkalih banderanipun | bandera kang munggèng pundhak | atusan banderanyalit ||

2. ana ècu sugih bôngsa | bandera nêm pêpitu ècu siji | malah ana kang sapuluh | ècu kang sugih kadang | pêparentah Sapanjang mring balanipun | rakit gêlaring ayuda | kang prajurit pinara tri ||

3. wus binagi têlung pôntha | kang rong pôntha kinèn ngobong-obongi | jaban kitha ing jronipun | kampung Batawi samya | kang pinangku Sapanjang Cina rong èwu | iya kang dadi sapôntha | bubuhan umagut jurit ||

4. pukul bèri sigra budhal | kadya gêrah surak samargi-margi | gumrêgut saengga alun | gumulung lampahira | ingobongan wisma jawi kitha gêmpur | gègèr kasusu puyêngan | wong cilik tan wruh ing warti ||

5. gêni sangsaya angrêbda | ngiwa nêngên gumuruh gêgêtêri | kathah wong Cina kang nunut | kambu kang urut marga | Cina kerut kadadak pikir kasusu | sanadyan datanpa gaman | samyanut awor ing baris ||

6. langkung dènira puyêngan | kang wong ngili kapêlak dening gêni | lan giris swara gumuruh | Cina asurak-surak | sangsaya gung wong Cina urut marga wus | têmpur ingkang wadya Cina | barise wus tanpa wilis ||

--- 22 : 47 ---

7. ingkang panganjur wus prapta | pinggir kitha gêbèl samya angrampit | prasamya anguwuh-uwuh | maring Cina jro kitha | kinèn mêtu amora miwah amagut | nanging Cina jroning kitha | dhêdhêp tan ana nauri ||

8. Kumpêni sampun prayitna | lawang kitha sadaya kinèn ngunci | Cina kang jro kitha sampun | sadaya ingundhangan | mring Kumpêni matènana damaripun | ajana kang nganggo damar | Cina jro kitha sawêngi ||

9. lan sami pasrah gêgaman | nadyan peso kacip lan lading gapit | sanjata lan pêdhangipun | sampun pasrah sadaya | ing Kumpêni dene Cina praptanipun | satêngah nêm ngrampid kitha | swara rèh kagiri-giri ||

10. lir gunturing arga sasra | awor lawan swara ulêding agni | lir kêlab berawa wuru | krodharsa nglêbur jagat | wadya Cina têpung wetan kulon kidul | amung lor towang samodra | lor wuri maksih anggili ||

11. tan kêndhat prajurit Cina | ing wanci rêp sagung bala Kumpêni | nginggahkên mariyêmipun | pinarnah ing palatar | pan sinusun tinap ing wuri pan agung | saleko sinungsun sanga | kinrêpan mariyêm sami ||

12. nanging kinèn andhêdhêpa | ana obah sagung bala Kumpêni | anganti parentahipun | nênggih gurnadur jendral | anglawana ing wong Cina yudanipun | angati-ati kewala | mriyême wus samya isi ||

13. prajurit Cina angrupak | samya [sa...]

--- 22 : 48 ---

[...mya] kibir bêdhah kitha Batawi | bêdhil sênapan angawur | kumrutug mring jro kitha | sumbar-sumbar gung alit anguwuh-uwuh | obong-obongan angrêbda | padhang wisma dening gêni ||

14. sangsaya dalu gung prapta | wadya Cina kang ngrampit amarpêki | gêbèl atup susun timbun | gumuruh anênantang | wong Kumpêni dhiyêm adhêdhêp atambuh | nanging wus rakit sanjata | kastabêle kang miranti ||

15. sadalu abêbêdhilan | kang wong Cina wantu-wantu kang prapti | kang sami nunut kasusu | tanpa gaman ing aprang | kampak wêdhung ana lading gobèt wêdhung | brangkolang pênthung asarya | giyak ngangsêg nêmpuh jurit ||

16. ana kang ninggil cêcagak | megang tatah wênèh amung gêraji | praptanira wanci bangun | Kumpêni pêparentah | amalêsa mring wong Cina yudanipun | kastabêl wus ingundhangan | angegos mariyêm sami ||

17. kulon kidul miwah wetan | sarêng nyipat mariyêm dèn sumêdi | kadyarga sawêndra guntur | wong Cina kang katrajang | tumpês tapis sinusun sinapu lêbu | anglir wana pagêdhangan | binabadan bosak-basik ||

18. sinusun panyipatira | mimis rante kalawan bolang-baling | sangsayadoh tibanipun | kèh rêbah anggêlasah | kasulayah wor suh rubuh kabarubuh | wus bênggang pangrampidira | pira-pira kang ngêmasi ||

19. baris Cina apuyêngan | akèh mati garnat gurnada ngungsir | kadya gêlap sèwu nêmpuh | ngisis prajurit Cina |

--- 22 : 49 ---

wetan kulon angêlun mawur malêdug | sakarine ingkang pêjah | Sapanjang tan mundur runtik ||

165. Durma

1. ngangsahakên kêmat Kapitan Sapanjang | kang gêmpal tyasnya pulih | ingabanan mangsah | kumrutug awurahan | kadya kang wre malyan wukir | mangsah manglaga | mungsuh rêksasa pati ||

2. ngrampid malih angrèp sajawining kitha | Kumpêni aningali | wus ingarah-arah | mriyêm pamurasira | panggêrus sarta panapis | kang mawi garnat | sapu lêbu panggilis ||

3. kumarutug kadya rèh rug arga sasra | rampas papas kèh mati | kang prajurit Cina | sumyur mawur wurahan | sakarine kang ngêmasi | kawus kawawas | pêpêtêng kang dèn ungsi ||

4. pan sadalu tan anggop mariyêmira | sarêng byar wong Kumpêni | kèndêl kang sanjata | wau Kapitan Panjang | mundur sarwi angobongi | ing jawi kitha | gêmpang kampung Batawi ||

5. kèndêl Gadhungmalathi Kaptin Sapanjang | dènnya apacak baris | Cina kathah prapta | tuwin Cina nagara | kang kawur wus samya nunggil | kumpul barisnya | anèng Gadhungmalathi ||

6. kang prajurit Kumpêni kèndêl sadaya | datan wontên angungsir | gurnadur parentah | sagung matrus ing kapal | pinanggil sadaya prapti | sinung gêgaman | lawan sagung sarani ||

7. kinèn numpês Cina kang wismèng jro kitha | yèn lanang gêdhe cili | aja kaliwatan | mung wadone kewala | sadaya kinèn nguripi | sigra umangkat | matrus miwah

--- 22 : 50 ---

sarani ||

8. pinaranan Cina wus tanpa gêgaman | kadya numpês cêcindhil | tanbuh polahira | pinêdhang pinukulan | ingkang binocik cinundrik | kawêlas-arsa | tan bisa anglawani ||

9. pira-pira kang tumpês Cina jro kitha | kang kiwa wismanèki | ana kang lumajar | ngungsèkkên uripira | kang mati wus dèn sèrèdi | mring kali samya | malah bêbêg kang kali ||

10. dadya kathah wong Cina ingkang umpêtan | nilib amor ing kali | anunggal bêbathang | silulup amangandhap | èstrine wus dèn boyongi | mring matrus samya | kalawan wong sarani ||

11. sawatara kang kari ing wisma kathah | mung bangke Cina gusis | mring kali sadaya | sadina sineredan | mung kantun dunya lan èstri | tinutup samya | lawang sadaya sami ||

12. undhang-undhang Kumpêni marang wong Islam | wong Batawi kang ngili | mring jro loji samya | kathah warnining bôngsa | Sêmbawambon Bugis Bali | Mandar Makasar | lan wong bumi Batawi ||

13. kinumpulkên kalih èwu winatara | Kumpêni Islam lami | mung Dhaèng Mabelah | lawan Kapitan Timah | Makasar kalawan Bugis | Bandhung lan Barak | sami Kapitan Bali ||

14. wus pinacak Kumpêni sinung gêgaman | wong mardika Batawi | dene kang kinarya | kapitane sadaya | nyatus sardhadhunirèki | Alpèrès Lutnan | sadaya wus arakit ||

15. Kapitane Sêmangun kalawan Layar | Dulmanap lan Dulkatip | Kapitan Dulkahar | Kapitan Cakrajaya |

--- 22 : 51 ---

Kapitan Arbobahudin | malih kalawan | lêlaraning Samawis ||

16. anaking Dipati Suradimênggala | nguni nama dipati | anggêntèni rama | kasiku ing narendra | binucal anèng Batawi | mring Danurêja | papat sutanirèki ||

17. ingkang tuwa Mas Rôngga Kapitan Êmas | Lutnan Mas arinèki | lan Alpèrès Êmas | miwah Sareyan Êmas | Kapitan Arya Pangirit | para kapitan | sadaya dèn pasrahi ||

18. lan sêrani matrus sami pinaringan | dunyane Cina nênggih | lan wadoning Cina | suka wus ingambilan | lawan kinèn nacah sami | Cina kang pêjah | Cina jro kitha sami ||

19. sangang puluh atus Cina jroning kitha | kang sami dèn patèni | dunya wus paragat | lawan wong wadonira | sadaya wus dèn boyongi | para kapitan | kang sami andarbèni ||

20. Kumpênislam sadaya suka tyasira | antuk brana lan èstri | nulya ingundhangan | kumpul umagut ing prang | mungsuh nèng Gadhungmalathi | Kumpêni pêthak | dhomas ingkang lumaris ||

21. Senapati Idlir Pan Emup kalawan | kumisaris kêkalih | Parhisèl kang tuwa | kumisaris kang mudha | nênggih Johan Arman Teling | mayor sakawan | wolu kapitan putih ||

22. ingkang para kapitan Islam sadaya | rongèwu kang prajurit | sampun atêngara | budhal saking jro kitha | mriyêm sinarat turanggi | pan kawan dasa |

--- 22 : 52 ---

lurung dhadha dèn goni ||

23. kang wus dadi gêlarira supiturang | kang munggèng kanan kering | pan Kumpêni Islam | satus Kumpêni pêthak | anyatus ing kanan kering | sanès lurungnya | kang munggèng kanan kering ||

24. kawuwusa wau Kapitan Sapanjang | baris Gadhungmalathi | wong Cina na prapta | ingkang tinumpês babal | mêntas sungapan jaladri | pan kalih bêlah | kumpul Gadhungmalathi ||

25. sampun tutur marang Kapitan Sapanjang | yèn sami dèn tumpêsi | wong Cina jro kitha | kêni ngapus sadaya | sangang èwu kang ngêmasi | Kapitan Panjang | ngungun krodha ngundhangi ||

26. sawontêne wong Cina nêdya umpêtan | kang lumuh milu jurit | sami pinêjahan | dadya wong Cina myarsa | kèh milalu milu jurit | sampun akathah | ngumpul Gadhungmalathi ||

27. wuwuh malih balane Kapitan Panjang | lan pasthi andhèwèki | Senapati Cina | amung Kapitan Panjang | wus sah amisesa urip | uriping Cina | miwah patine sami ||

28. aprasasat Ongtinte Kapitan Panjang | sampun miyarsa warti | yèn pinagut ing prang | Kumpêni wus lumampah | tungkul ing Gadhungmalathi | sigra Sapanjang | têngara mapag jurit ||

29. kênthung bèri wurahan mawor apindha | gurnang-gurnang thong-thong grit | angrèp amalatar | ingkang prajurit Cina | bala Kumpêni wus prapti | amara tiga | gêlaripun ing jurit ||

30. kang prajurit Cina wus samya [sa...]

--- 22 : 53 ---

[...mya] tumingal | datan rêringa jurit | umangsah anunjang | wadya Kumpêni tadhah | pangawat tinêmpuh aglis | pagut ing ngarsa | Kumpêni angêdrèli ||

31. surak awor swaraning tambur gumêrah | salomprèt ting jalêmprit | wong Cina angidak | gulung pangamukira | ingêdrèl awanti-wanti | nêmpuh anunjang | silih rok akèh mati ||

32. ting caruwit pangamukira wong Cina | katulak drêsing mimis | rame apuyêngan | kang aprang liru papan | kadya rug rêbah ing wukir | punggêl ing gêlar | ingkang pangawat kering ||

33. miwah ingkang kanannya têmpuh ing aprang | rame kyèh kang ngêmasi | emut ing parentah | punggêl angèrèk samya | ngumpul baris têngah sami | prajurit Cina | agêng tyas sami ngungsir ||

34. pangrasane dhadhal tuhu dudu gêlar | ya ta bala Kumpêni | kang sami lumajar | lajêng mring wuri pisan | mriyêm ingkang pinakolih | pangungsinira | wong Cina dèn tadhahi ||

35. ing mariyêm sadasa êsap ing ngarsa | munya sinungsun wuri | kadya gêlap sasra | gumludhug ing ngawiyat | prajurit Cina kèh mati | ingkang pangarsa | bangke pating saluwir ||

36. datan kêna tinunjang kang mimis sawat | lan mimis obang-abing | bangkene ing ngarsa | Cinajur balungira | kèh tapis madyaning margi | samya galigap | prajurit kari kingkin ||

166. Asmaradana

1. akiwul-kiwul tanpolih | yudane prajurit Cina | kapêngkok ewuh papane | ing kiwa

--- 22 : 54 ---

têngên pomahan | tilas sami ngobongan | lan ingapit lèpènipun | mila èwêd kinarya prang ||

2. kadya toya dèn talangi | solahe prajurit Cina | ewuh ing kiwa têngêne | golong mariyêm kang mapag | milu tumpês ing ngarsa | kang mariyêm patang puluh | tan kêndhat kang mimis sawat ||

3. lawan mimis obang-abing | rusak kang prajurit Cina | Kapitan Panjang undhange | mundur maring Paninggaran | papan ingkang awiyar | tan ana pakewuhipun | ing kiwa têngên polatan ||

4. praptèng Paninggaran baris | sagung kang prajurit Cina | Kumpêni mundur barise | sarwi nacah Cina pêjah | kang mati ngrampid kitha | Cina sèwu pitung atus | lan wolung puluh sasanga ||

5. duk aprang Gadhungmalathi | kalih èwu Cina pêjah | akèh kang ajur bangkene | Kumpêni maring jro kitha | amung para Kapitan | kang samya urun sardhadhu | nèng jawi kitha Barduwak ||

6. antara ing tigang latri | Kumpêni gêng pêparentah | arsa anglanggar yudane | Cina baris Paninggaran | senapati tan owah | misih Hèr Baron Pan Emup | kêkalih kumasarisnya ||kumisarisnya.

7. kang mukul Gadhungmalathi | winangsulakên sadaya | datan owah prajurite | amung kang pêjah ing rana | rongatus sinalinan | têngara tambur gumuruh | wus budhal saking jro kitha ||

8. bangkilung samargi-margi | gumuruh Bugis Makasar | tambur saruni salomprèt | Sapanjang [Sa...]

--- 22 : 55 ---

[...panjang] sampun miyarsa | yèn mungsuhira prapta | gya rinakit barisipun | kang pangawat kering kanan ||

9. Cik Ong kang pangawat keri | Tèng Mulu pangawat kanan | Kapitan Panjang dhadhane | nanging barise tan tata | kang pinangku Sapanjang | prajurit Kumpêni rawuh | baris pêlotong sap-sapan ||

10. pangawate wus arakit | Arman Teling munggèng ngarsa | mayor kêkalih kanthine | Ugupêr Isêl ing kanan | kalih mayor binêkta | kapitan Islam kang tumut | anyakawan keri kanan ||

11. ngrongatus Kumpêni putih | patang atus Kumpênislam | gumrêgut parêng pagute | sadaya kang munggèng dhadha | gêgaman ginunggunga | botên langkung tigang èwu | atikêl kathah wong Cina ||

12. Baron Pan Emup dhadhani | mangku mariyêm pitulas | garnat gurnada kanthine | tik-tak masbun lan rontaka | sampun wawas-winawas | têngara tambur gumuruh | kênthung bèri mawurahan ||

13. salomprèt kêndhang saruni | parêng wong Cina umangsah | kumrutug rusuh tangkêbe | mangsah tan nganggo rêringa | nunjang ngilês angidak | Kumpêni tadhah abakuh | bêdhil-binêdhil gumêrah ||

14. lir gunturing wukir siwi | wong Cina kang ngangêm pêdhang | samya gumulung pamuke | miyak wong Kumpêni ngarsa | mariyêm ingabanan | gurnat gurnada lan masbun | kadya rêbah wukir sasra ||

15. kang katrajang tumpês tapis | wong Cina wuri kèh prapta | angamuk wuru ing prange | agulung

--- 22 : 56 ---

agêgolongan | nunjang ngidak bêbathang | kumrutug angrok kumruwuk | kalihira wuru ing prang ||

16. Cina ngurugi pêpati | êdrèl sirêp ing pangawat | rukêt caruk rok arame | gêbug-ginêbug sanjata | abir Cinantuk papan | Kumpêni kang tumpês satus | Bugis Bali tiga bêlah ||

17. Bugis Kapitan Mayungi | lawan Kapitan Kamurgal | Tuwangah Bakas parênge | Kapitan Krêsto wus pêjah | sêmpal baris pangawat | kang kiwa kang têngên mirut | krodha kumisaris mudha ||

18. pangawat têngên dèn irid | sawidak Kumpêni pêthak | Makasar katiga Dhaèng | Mabelah Ngusman Kololah | kalih atus Makasar | kinarya têtambêlipun | baris pangawat kang sêmpal ||

19. Kumisaris Arman Teling | pangamuke kadya yaksa | nêdhas anyokot lambene | amêmêdhang angiringan | budhake kalih dasa | bêsbrong Bali agêmipun | amrês swaraning pamuras ||

20. Cina tan antuk marpêki | katulak mêksa angidak | mangungkih nêmpuh samya rok | akuwêl sêbrak-sinêbrak | baris bubrah kèh rêbah | tumpês ngarsa buri ambyuk | nututi katut ing wuntat ||

167. Pangkur

1. pêtêng dhêdhêt ing payudan | dening kukus drèling Cina Kumpêni | lir prahara awor lesus | gora rèh pôncawora | wus akathah pêpati rowang lan mungsuh | kalihe tan ana ngukak | wantêr ing tyas sabrang sami ||

2. kantil prajurit ing Cina |

--- 22 : 57 ---

mung Cina thok prajuriting Kumpêni | pan akathah warninipun | Bugis Bali Makasar | wiwah Ambon Sêmbawa Mandar Tuwajuk | ana kang angagêm tumbak | towok pêdhang kang prajurit ||

3. Cina mung abir kewala | lawan bêdhil amuke kari sugih | kaprabon ing aprang pupuh | sapolah-polahing prang | pan kasoran wong Cina mung bôndha purun | marma sabên aprang rusak | tikêl satus kang pêpati ||

4. prandene tan ana suda | ing tyasira wong Cina mangkin runtik | sangsaya krodhanya riwut | wuru pangamukira | tinadhahan ing gurnat gurnada gêmpur | mangsah-mangsah kasulayah | bangkene tumpang atindhih ||

5. kang kari prajurit Cina | sami mundur mulat Sapanjang maksih | angadhêp êtong sapuluh- | nya pèrès isi toya | akêkêpêt Sapanjang sadangunipun | nora mulat paran-paran | mung ngimplêng tong isi warih ||

6. wong Cina mulat Sapanjang | wangsul malih nêmpuh angamuk wani | angidak anunjang ngamuk | ingêdrèl mêksa mangsah | rukêt angrok caruk ambyuk ting kalêpruk | Kumpêni ngudani garnat | wong Cina dèn soki mimis ||

7. tumpês ngarsa wuri prapta | kang wong Cina nusupi drêsing mimis | Hèr Wilêm Baron Pan Emup | ngabani drèl gurnada | Cina ingkang anêmpuh numpêr agêmpur | kang wuri bolong anunjang | kêna garnat tumpês tapis ||

8. nora sangsaya mêndhaa | kang wong Cina

--- 22 : 58 ---

rèh ngurugi pêpati | tanpa rungyan ing prang pupuh | swaraning drèl sênapan | miwah ingkang gurnat gurnada lan masbun | awor caruk ing gêgaman | lawan sambat ing akanin ||

9. pêtêng dhêdhêt ing paprangan | dening kukus ing drèl tan angagopi | lir arga sakêthi guntur | yèn sajroning payudan | datan ana kang mulat baskaranipun | kang kajaba jro paprangan | kang surya maksih kaèksi ||

10. kabèh tanah Paninggaran | ingkang sami dadya ajanging jurit | kang dadya rug kabarubuh | langite alimutan | kadi bêlah bumi molah kombul bubul | gonjang-ganjing agênjotan | gora rèh kagiri-giri ||

11. prajurit salah paningal | kadya lintang riris tibaning mimis | kang aprang karone wuru | lir raksasa Ngalêngka | aprang lawan wre Sugriwa Balinipun | têtulung Bathara Rama | angrêbut Putri Manthili ||

12. kawit prang satêngah sanga | durung luwar pukul pat kang ajurit | Kumpêni ping kalih bantu | obat winot kareta | miwah mimis kinareta praptanipun | wong Cina obate têlas | nora nana kang bantoni ||

13. lumêr lêbuning bantala | lir kinêla mêlês carub ing gêtih | bangkene rewang lan mungsuh | tumpang awêwukiran | kadya karang bandera awor lêlumut | asarah putungan watang | endhe kantar kadi konthing ||

14. langkung ramening ayuda | prajurit kang sakarine ngêmasi | sayah prasamya angumpul | pan kadi [ka...]

--- 22 : 59 ---

[...di] sinaringan | Cina lawan Kumpêni ing sayahipun | sapih ing satêngah lima | sinapu diwasèng latri ||

15. tambure muni pratôndha | undhang mundur ngumpulakên prajurit | wong Cina pratôndha kênthung | ngundurakên kang aprang | angapinjal kênthunge angajak mundur | sapratêlon Cina gêsang | rong duman tumpês ing jurit ||

16. Kumpêni ngumpul kewala | anèng Paninggaran baris sawêngi | prajurit Cina kang banjur | dalu-dalu lêlampah | mring Panggiling tanah Gôndariyasèwu | angrês sami praptanira | kang sami anandhang kanin ||

17. ing dalu tan kawursita | praptèng enjang wau baris Kumpêni | Hèr Wilêm Baron Pan Emup | kumisaris kalihnya | kinèn pêparentah nacah bangkenipun | wong Cina miwah Walônda | Makasar lan Bugis Bali ||

18. bangkening Cina cinacah | tigang èwu satus sawidak kalih | Kumpêni pêthak rongatus | lan pitung puluh sanga | Bali Bugis sadaya mung patang atus | Makasar Ambon Sumbawa | Mandar apan ora luwih ||

19. bangkene Kumpêni samya | winot ing kareta mantuk mring loji | myang Kumpêni Islamipun | bangke winot ing siyas | sawusira Kumpêni têngara mundur | budhal saking Paninggaran | wun kêbut sagunging baris ||

20. sarta dhirèktur putusan | anêlika mungsuh Cina Panggiling | tanah Gôndariyasèwu | wus pasthi ênggènira | pacak baris Sêpanjang balane kumpul | lawan [lawa...]

--- 22 : 60 ---

[...n] angêrig wong Cina | kang sami ngiwa kaplêsit ||

21. kinêrig umagut ing prang | yèn tan purun wong Cina dèn tumpêsi | kathah malih balanipun | karya kapraboning prang | ing Panggiling tanah Gôndariyasèwu | akarya unthuk têmbaga | kuningan sami kinardi ||

22. ginapit pirantinira | kira-kira Cina rolas kuwawi | kang badhe ginawa ngamuk | ana kêlar wong sanga | kang sawênèh ana kêlar wong rongpuluh | ana kang ijèn kewala | têmbaga rinakit tamsir ||

23. ana kang bêdhèl dangdangan | lan bojodan kêndhil timba ginapit | wuwuh malih suranipun | sagung prajurit Cina | wus andadi barise malih angradun | cipta sampun aprayoga | akal kapraboning jurit ||

24. wau ta kang kawuwusa | Hèr Dhirèktur Baron Pan Emup prapti | jro kitha sabalanipun | panggih gurnadur jendral | tuwin sagung radpênindiya angrungu | dhirèktur wus unggul ing prang | katur solahing ngajurit ||

25. lan cacahe Cina pêjah | miwah gène mangke mantuk Panggiling | tanah Gôndariyasèwu | maksih akêkumpulan | kang angêrig wong Cina kang pisah kumpul | gurnadur parentahira | mring dhirèktur senapati ||

26. kabèh pangwasaning tingkah | jroning aprang sun srahi senapati | winuwuh pangwasanipun | sampun sinung sor-soran | Idlir Johanis Tèdhèng sor-soranipun | Baron Pan Emup parentah | mring sagung para upêsir ||

--- 22 : 61 ---

27. sadaya Kapitan Islam | sami kinèn anglurug mring Panggiling | tanah Gôndariyasèwu | kalawan binêktanan | mayor papat Kumpêni putih rongatus | kêstabêl mriyême rolas | samêkta wusnya ginajih ||

28. antara ing pitung dina | prapta saking Paninggaran lumaris | mukul Gôndariyasèwu | cinatur lajêng aprang | long-linongan anèng Gôndariyasèwu | datan mawi binantonan | pandhandhangirèng Kumpêni ||

140. Cina pasisir wetan tata-tata badhe pêrang. Ingkang Sinuhun ing Kartasura ngrêmbag kawontênanipun pêrang Cina lan Kumpêni

168. Dhandhanggula

1. ya ta wau kang pinurwa malih | sagung Cina pasisir bang wetan | sami miyarsa wartine | kalamun bangsanipun | nênggih Cina nagri Batawi | lan Kumpêni sampun prang | pôncakara tuhu | prang rame agêgêmpuran | undhaking kang warta sudaning kêkirim | Cina kang unggul ing prang ||

2. pan mèh bêdhah kitha ing Batawi | dene Cina kang môngka manggala | murwèng prang senapatine | ing Gôndariyasèwu | pun Kapitan Panjang prajurit | Kumpêni kang sikara | Cina sangang èwu | kang wisma sajroning kitha | tinumpêsan lanang nadyan rare cili | wong wadone jinarah ||

3. lan dunyane jinarahan sami | Cina lanang sangang èwu bebas | pangewan-ewan patine | kalangkung kawlas-ayun | kang miyarsa bangsane sami | Cina pasisir [pasi...]

--- 22 : 62 ---

[...sir] wetan | nangis samya rêngu | Cina ing Tanjungwêlahan | kalêthêke akumpul kaprabon jurit | ngundhangi sêmbunian ||

4. durung ngèdhèng rèh misih piningit | dene sanès lan nagri Jakartatu |Lebih satu suku kata: dene sanès lan nagri Jakarta. Cina bang wetan têgêse | ênggone pêdhak ratu | adoh ratu nagri Batawi | tutug polah tan ana | kang dadi pakewuh | yèn Cina nagri bang wetan | yèn luputa ing rèh karubuhan langit | mungsuh kang duwe praja ||

5. mila sami siyaga ing batin | wontên Cina tuwa ing wêlahan | mugarèni sapolahe | pun Sisèh namanipun | wus samêkta sanega batin | kunêng malih nalika- | nira sasi Mulud | ing pasisir pra dipatya | wus budhalan mring Kartasura sumiwi | kêrig panêkarira ||

6. sapraptane ing Kartasurèki | dadya pasisir môncanagara | sami marêk ing dalune | nênggih wadananipun | lan kaliwonira umiring | sowan mring kapatihan | pan wadananipun | pasisir têngên Jêpara | kaliwone ing Kudus dene kang kari | wadana Pakalongan ||

7. ing Barêbês kaliwonirèki | dene wadana môncanagara | ing Pranaraga kiwane | dene kaliwonipun | Martapura anyar kinardi | lamine Garobogan | kalih kang pilungguh | ing mangke ngumpul satunggal | amung Radèn Tumênggung Martapurèki | misanane sang nata ||

8. kang santana ngisor galêng nênggih | saking ibu Arya Kudus tuwa | nak-sanak lan ratu gêdhe |

--- 22 : 63 ---

kang mangke Arya Kudus | kakangira Martapurèki | dene môncanagara | lan panêngênipun | Tumênggung Mataun Jipang | kaliwone Madiun Radèn Ngabèi | nênggih Sumawijaya ||

9. sami seba ing radèn apatih | lan wadana bang kulon Majêgan | ing Banyumas Tumênggunge | wus anèng ngarsanipun | wau radèn rêkyana patih | dangu sami pocapan | Tumênggung Mataun | tanya marang Martapura | kadipundi anak wartane pasisir | yèn Batawi rame prang ||

10. Suralaya kang sigra nauri | lawan Adipati Jayaningrat | apan inggih sayêktine | Citrasoma sumambung | sampun lami rame ajurit | andina long-linongan | ewon ingkang sampun | Kumpêni miwah wong Cina | tumpês ewon sadina-dina ajurit | dèrèng wontên kasoran ||

11. Radèn Tumênggung Martapurèki | ambanjurakên ingkang pawarta | amargi ing pamuwuse | hèh kakang Arya Kudus | nadyan Cina urut pasisir | padha aduwe sêdya | ambêk sura nêmpuh | kalumpuk kapraboning prang | apan dèrèng antuk marga amrih jurit | busanèng prang samêkta ||

12. sampun mênggah Cina ing pasisir | padhusunan kawula prawata | ing Puwun pan parandene | wontên kang Cina kumpul | asanega kaprabon jurit | Radèn Natakusuma | mèsêm ngandikarum | hèh Radèn Tak ênêngêna | singa-singa wong Cina kang duwe kapti | ajana dèn sikara ||

--- 22 : 64 ---

13. sampun bubar sagung pra dipati | wau saking dalêm kapatihan | rahadèn patih enjinge | sowan maring kadhatun | canthèl atur wus dèn timbali | kyana patih wus prapta | ngabyantara prabu | umatur saha wotsêkar | dhuh pukulun ing mangke nagri Batawi | Kumpêni crah lan Cina ||

14. sampun rame andina ajurit | long-linongan tan wontên kasoran | sampun ewon pêpêjahe | ngandika sang aprabu | iku paman pangrungu mami | wus lawas sun miyarsa | kèh matur maringsun | mêngko mêtu saking sira | iya paman dadi wus pasthi sayêkti | dene gurnadur jendral ||

15. nora nana wèh wêruh ing mami | apa mulane ana prakara | iya luwih gêdhe kiye | nambuhi jênêng ingsun | nêmbah matur radèn apatih | bilih dèrèng kewala | ngandika sang prabu | ora paman wus alawas | lah pikirên umatur rahadèn patih | pukulun ingandikan ||

16. abdi dalêm Tirtawigunèki | inggih kalih Arya Pringgalaya | saos ing srimangantine | ngêjèpi sang aprabu | animbali punggawa kalih | prapta ngarsa narendra | kalihe wotsantun | nênggih nalika punika | sakesahe Pangeran Purubayèki | barang ingkang rinêmbag ||

17. nguni Pangran Purbaya lan malih | Tirtawiguna môngka manggala | ing prakara sakathahe | kang ajêng ingkang rêmbug | amurwani ing pra dipati | sirna Pangran Purbaya | ing mangkya sang prabu | nyandhak Arya Pringgalaya | kang kinanthi [kina...]

--- 22 : 65 ---

[...nthi] lawan Tirtawigunèki | marang rêkyana patya ||

18. nolih rahadyan rêkyana patih | mring punggawa kalih kayaparan | ing Batawi aprang rame | nora ngaturi wêruh | jendral ing jêng sri narapati | pan gêdhening prakara | mungguh ing prang pupuh | wus alawas amangun prang | nêmbah matur Tirtawiguna manawi | botên karaos awrat ||

19. lawan dèrèng matêng ingkang pikir | kadi pradongdi ingkang bicara | sagung radpan indiyane | kados pundi pukulun | botên sande atur upaksi | radèn rêkyana patya | matur ing sang prabu | kula gusti nuhun lilah | ngangkat karya inggih amangun sitinggil | kidul dadosa awad ||

20. yèn Kumpêni nuhun bantu jurit | wontên inggih sêsaur kawula | lagyewuh anambut gawe | lêmahdhuwur kang kidul | apan lagi kang pra dipati | wiwit anambut karya | kang para tumênggung | pasisir môncanagara | anggêgêlak ing karyanira sang aji | tan kêna sinambia ||

21. angandika jêng sri narapati | iya bênêr paman parentaha | kya patih nêmbah ature | sandika sang aprabu | lawan inggih gusti pawarti | pukulun pra dipatya | sami aturipun | Cina pasisir sadaya | inggih sami akumpul kaprabon jurit | nanging dèrèng ngatingal ||

22. sri narendra angandika malih | iku paman pan pangrunguningwang | pan ora wong Cina bae | kang duwe akal purun | umagut prang lawan Kumpêni | sanadyan [sana...]

--- 22 : 66 ---

[...dyan] ta wong Jawa | ajajriha mringsun | yèn ana kang angrojonga | saanane Si Kapitan Langpèl iki | kaya wani magut prang ||

23. iya saking bangête ngangkuhi | owah date ing mêngko angidak | lumaku yèn kinawêdèn | apatih nêmbah matur | abdi dalêm atur udani | pan inggih pun Paridan | pagênênganipun | ing wuwu tanah prawata | wastanipun pun macan lawan pun itik | wantêr-wantêr neneman ||

169. Sinom

1. kalêmpak kapraboning prang | anuhun pangandikaji | punapa dipun tundhunga | pun Paridan sangêt ajrih | nuhun parentah gusti | dhatêng kawula pukulun | sang nata angandika | ya paman dimène misih | aja opèn ing lair pitambuhana ||

2. paman ing pandonganingwang | tan wurung ing lami-lami | pagawean iki paman | dèn padha angati-ati | paman wong Jawa iki | ing samêngko bobot ingsun | duk ingong apêpara | marang nagari Matawis | ingkang padha katingalan dening ingwang ||

3. yèn ingsun dulu ing ngarsa | ngaracak abêcik-bêcik | yèn ingsun tolèh ing wuntat | tan prabeda iya bêcik | warata gêdhe cilik | anêdhêng kawanènipun | pantês angajap-ajap | ing rèh dadining ngajurit | ing lêlewa tanaga dadi pratôndha ||

4. yèn sinawang ing pratingkah | pantês dadia wêwani | umatur saha tur sêmbah | rahadèn rêkyana patih | pukulun sri bupati | yèn mênggah watêkanipun |

--- 22 : 67 ---

abdi dalêm wong Jawa | awis ingkang nêmbadani | lan kathahe tiwas tinêmpuhkên karya ||

5. upama ta tambak mêrang | inggih kadi êram dami | yèn lêpat pangabênira | tan wontên wawrating jurit | yèn kalêrêsan nênggih | inggih ing pangabênipun | kadi gajah mawi lar | pilih ingkang anadhahi | ya ta mèsêm ngandika sri maharaja ||

6. ya uwis paman mêtua | padha rêmbugên dèn bêcik | lawan sanak-sanakira | iya kang para dipati | tuwin bocah pasisir | môncanagara kang sêpuh | katiga nêmbah mêdal | sapraptanira ing jawi | ing dalune rahadèn rêkyana patya ||

7. pan ing dalu pêparentah | ngundhangi kang pra dipati | ing Kartasura sadaya | dene bupati pasisir | miwah môncanagari | pan amung wadananipun | lawan kaliwonira | ana kang tuwa pinijig | sami kumpul anèng dalêm kapatihan ||

8. radèn apatih ngandika | hèh ta kônca pra dipati | timbalane sri narendra | kinèn mikir kang abêcik | prakara wong ajurit | Kumpêni lan Cina iku | ana ing buminingwang | paran baya dhèwèk iki | bokmanawa nular ingkang duwe tanah ||

9. apa ta atêtulunga | êndi patut dèn iloni | Citrasoma Jayaningrat | ingkang nauri rumiyin | puniku yèn suwawi | inggih sampun tumut-tumut | anênonton kewala | ngabên-abên mitambuhi | lamun inggih rêmpu ing salah satunggal ||

--- 22 : 68 ---

10. punika lamun akarsa | bubuh punapa nulungi | anggêgodhog upamanya | sampun dèn alub-alubi | kang wus rêmpu ginitik | miwah yèn karsa têtulung | punika gèn manpangat | kangelan wontên nuwasi | yèn karsakna têtulung marang Walônda ||

11. jinanji inggih mantuna | bageyan ngrêksa ngingoni | lan mantuna sabên Sura | pêpatih dhatêng Samawis | têmpuran wong pasisir | punika jinanji mantun | lan sabên salin jendral | pêpatih dhatêng Batawi | kabèh rucat mung pawong sanak kewala ||

12. mèsêm wau duk miyarsa | rahadèn rêkyana patih | jêg wontên ecane uga | sok rêmpêga pra dipati | sampun mikir manthalit | ing jro salang jaba madu | aran karsaning raja | kinèn mikir amrih êcikbêcik. | inggih dhatêng sagung nayaka punggawa ||

13. yèn wis golong kang rinêmbag | pan ingsun ingkang ngawaki | nanging sok rêmpêga kathah | ingsun dhewe kang ngawaki | tibaa lara pati | tan kumêdhèp raganingsun | nanging mungsuha Cina | mungguh ing pangrasa mami | tanpa gawe malah kalêbu niaya ||

14. wong Cina nèng tanah Jawa | apan botên angrubêdi | tan dadi ingon angrêksa | malah gêmahakên bumi | sigra Ki Adipati | Jayaningrat asru matur | inggih yèn binobota | ing ayuda dede tandhing | pan wong Cina nèng tanah Jawa ngumbara ||

15. atis datanpa dandanan | yèn mênggah kaprabon jurit | Kumpêni [Kumpê...]

--- 22 : 69 ---

[...ni] sampun amapan | lan sugih kaprabon jurit | dhasaripun prajurit | wong Cina dhasare inthuk | wong Cina siyung timah | Kumpêni siyunge wêsi | kayaparan yèn mênanga sêsautan ||

16. alon dènira ngandika | rahadèn rêkyana patih | ênggèh yèn tinon ing majad | sayêkti yèn dudu tandhing | manawa anibani | ing pasthine mangsanipun | apêse kang arosa | Kumpêni lawas nèng Jawi | muktèkakên kanikmatan tanah Jawa ||

17. wong Cina angupa-upa | praptane ing tanah Jawi | yèn pasthi dadia rosa | sapa bisa amangêni | kèndêl kang pra dipati | ngulat lautan kalaut | lulute mring wong Cina | ing sêmune kyana patih | kadi bosên alumuh saba Jakarta ||

18. suwe sasmitane wawan | nêdhêng sêsêndhu sumandhing | Tumênggung Tirtawiguna | lan Arya Pringgalayèki | tan tumut angudhoni | mung anglirik tan amuwus | dhêdhêp ing pasamoan | mung Radèn Martapurèki | batin mèsêm angupayèng pasamoan ||

19. pangunandikaning driya | Rahadèn Martapurèki | amrih ecane tyasira | rahadyan rêkyana patih | lawan nêdya nambungi | kapangkole kang winuwus | mojar Radèn Paridan | kawula anuhun ugi | ing sampeyan Adipati Jayaningrat ||

20. kang wau pikir paduka | upami tulung Kumpêni | nêdya mari angrêrêmbat | kalongan saking sakêdhik | rèhning mêmikul iki | ilanga

--- 22 : 70 ---

sasisihipun | karia sagendhongan | pikir ithing-ithing kêrik | inggih lêrês nanging yèn wontên punika ||

21. yèn angsal kang babar pisan | sampun tanggêl dèn lakoni | sampun gendhong sampun ngrêmbat | sami dene anglakoni | sami karingêtnèki | barang sampun nêdya tanggung | Dipati Jayaningrat | mèsêm sarwi anauri | gih puniku pikir pantês dèn upaya ||

22. nanging adhi barang karya | ambobot badan sayêkti | enak aja ting barusak | yèn pratingkah kurang tangting | aju unduring kardi | ing pikir bubuhanipun | nistha madya utama | palawanan ing ngaurip | sabarang rèh ywa tinggal tigang prakara ||

23. nistha madya lan utama | nistha wajib dèn singgahi | kang madya wajib dèn ambah | ywa jujug utamanèki | yèn wus têkêm tinanting | dèn awas aywa kaliru | utama tibèng nistha | adhi lamun kurang tanting | nadyan mênang yèn mênang balane rusak ||

24. utama kang dadi nistha | wilangan puniku adhi | saurira Dyan Paridan | Tumênggung Martapurèki | angsal puntên kiyai | pan kawula kamipurun | animbangi paduka | prayayi sêpuh lan mami | angrèhakên para bupatining raja ||

25. yèn paduka arêmbagan | nèng jawi lawan ing ngriki | punapa botên sanèsa | ngarsane radèn apatih | sasat ngarsèng narpati | yèn ta sampun wani matur | yêkti paitan pêjah | wong tinari maring gusti | dede pikir bêbèngès [bê...]

--- 22 : 71 ---

[...bèngès] abanging kinang ||

26. pikir kang sampun kawêdal | katur jêng radèn apatih | pasthi kang ngêmot kewala | tan kenging ngaturkên sandi | yèn mêlang-mêlang wingking | yêkti botên pantês katur | nuwun ugi kawula | sampun kawastan kumaki | dhatêng kakang Tumênggung Jayasudirga ||

27. lamun pikir Pagêlenan | tan pantês kangge ing ngriki | dhoyong-dhoyong sampun rêbah | nadyan pêdhot aja gênting | dede pikir prayogi | tambêl butuh pikir nguthuh | rêrêb kang pra dipatya | sadaya sami anglirik | marang gène lungguh Radèn Martapura ||

28. aling-alingan ing kathah | alit ênggone kapipit | kapit gêng-agêng sandhingnya | mung sirahe kang kaèksi | tumêlung dêkungnèki | yèn kalanira umatur | Dipati Jayaningrat | ing pikir kang dèn lawani | pan angèngkèl ngarèkèl lumuh kalaha ||

29. alon dènira ngandika | Jayaningrat Adipati | bênêr adhi Martapura | sapikir dika tan sisip | nanging rakiting pikir | pangkat-pangkat wêktu-wêktu | tan kêna sok mijila | lirua môngsa tan kêni | mungguh ing prang nora kêna sok wania ||

30. aja ngandêl kèhing bala | yèn pikire durung dadi | aja age-age mangsah | pinikir kang matêng dhingin | dèn umah dèn aeling | ing gêlar aja kaliru | nadyan sugiha gêlar | lawan sugiha prajurit | yèn tan dadi senapati durung eklas ||

31. tekade maring Hyang Suksma | antêping tingkah tumitih |

--- 22 : 72 ---

karana sor unggul ing prang | gumantung ing senapati | wadya darma nglakoni | ing rèh maju unduripun | lan winihing prakara | aja sukêr dèn aêning | yèn nibani sikara sor ing wêkasan ||

32. prange Dipati Bragola | mungsuh Jêng Sultan Matawis | iku Bragola sikara | marang badane pribadi | mopo rèhing narpati | angayoni têgêsipun | ngandêlkên sugih bala | prajurite bêcik-bêcik | parandene aprang mung kanggo rong dina ||

33. ciptane kanggo sawarsa | mulih isin wong Matawis | ngandêlakên dananira | miwah kramane andadi | wadya saeka kapti | tiwas ngandêlakên batur | bêcik-bêcik akathah | nora ngandêlakên pikir | wong Mataram nora kongsi kêna brôngta ||

170. Asmaradana

1. tiwase Dipati Pathi | kurang ning witing prakara | kaworan sukêr atine | Dipati Jayapuspita | amung wong Surabaya | wong sajagad kang amukul | nora bêdhah tigang warsa ||

2. sawab uwiting prakawis | kadange kêna niaya | Ki Jangrana ing Pathine | balike Jayapuspita | anusahakên jagad | pêpati tan kêna ngetung | wus antuk tikêl nêmbêlas ||

3. susahe wong Surawèsthi | kalawan wong Kartasura | puniku dede timbange | wus nama pakolèhira | dènnya mêmalês susah | dèn èmpêr-èmpêra iku | rakite ulah prakara ||

4. gumujêng radèn apatih | kowe radèn kari tuwa | pra

--- 22 : 73 ---

dipati mèsêm kabèh | amandêng Radèn Paridan | maksih akuthêkêran | umatur sarwi gumuyu | anguyup wedang ping gangsal ||

5. netrane maksih mucicil | alal puntên ki dipatya | katêbihên ondhe-ondhe | panjênênganing narendra | botên kenging dèn wora | nadyan eyang miwah buyut | datan kêna cinaruba ||

6. sinungan wahyu pribadi | pangkat-pangkating karajan | yèn wong suwita ing katong | pasthi mulat ing lautan | lautaning gustinya | angadhang condhonging kayun | kayungyun amrih sukanya ||

7. mirid sarapating kapti | abdi botên anjurunga | punapa botên munapèk | munapèk ratu kewala | dede mungguhing Suksma | yêkti dudu cacad agung | wong munapèk pangawulan ||

8. gumêr sagung pra dipati | kang wanci wus bêdhug dawa | wusnya adhahar bubare | samarga kang pra dipatya | tan ana kang dèn ucap | mung Radèn Martapurèku | lan Dipati Jayaningrat ||

9. ing dalu datan kawarni | rahadèn rêkyana patya | enjing sowan mring kadhaton | tan mawi kanthi punggawa | ngandikan praptèng ngarsa | rêkyana patih wotsantun | pukulun sampun kawula ||

10. dhawuhkên timbalan aji | dhawuh sagung pra dipatya | kinèn mikir mrih pênêde | prakawis kang sami aprang | Kumpêni lan wong Cina | gih abdi dalêm pukulun | pun Dipati Jayaningrat ||

11. ature sampun ngopèni | tinambuhana kewala | yèn sampun [sa...]

--- 22 : 74 ---

[...mpun] sami rêmpune | cinandhak salah satunggal | Kumpêni kang cinandhak | tinulungan yudanipun | janji birata sadaya ||

12. tan rumêksa tan ngingoni | patih mantun mring Jakarta | têmpuran utangan kabèh | sirna mantuk pawong sanak | abdi dalêm sadaya | pra dipati anèm sêpuh | ing pikir anut sadaya ||

13. dhatêng abdi dalêm gusti | pun Dipati Jayaningrat | amung satunggil kang nyêngklèng | abdi dalêm pun Paridan | yèn tog-toganing lampah | kêdah Cina kang kinukup | yèn botên angukup Cina ||

14. sampun tanggêl ing ajurit | binirata kalih pisan | pun Paridan amathènthèng | sadalu ujung prakara | wontên wisma kawula | anglawani wuwusipun | pun Dipati Jayaningrat ||

15. tan purun kawon ing pikir | warêngkêngipun Paridan | sang nata angandikalon | nanging paman sok bêcika | kadadeaning rêmbag | pikir andhap pikir luhur | kang luhur patut dèn goa ||

16. nêmbah rahadèn apatih | kados luhur pun Dipatya | Jayaningrat ing pikire | nanging talobèh atamban | abdi dalêm Paridan | arikat-rikating gêcul | punika sumanggèng karsa ||

17. mèsêm wau sri bupati | adangu tan angandika | paman mungguh sira dhewe | êndi pantês kang dèn goa | nêmbah rahadèn patya | inggih kangge kalihipun | sarta amatawis lampah ||

18. nanging sok dadosa gusti | kapurunane wong Cina | yèn sampun dados prang

--- 22 : 75 ---

rame | ginêndhing sarwi lumampah | sri narendra ngandika | Si Tirtawiguna iku | lan Si Arya Pringgalaya ||

19. pikire milu kang êndi | apa milu Si Paridan | miwah milu ing pikire | Si Dipati Jayaningrat | kya patih matur nêmbah | dèrèng wontên kang dipun tut | taksih aminggu kewala ||

20. dèrèng tumut angudhoni | sang nata alon ngandika | yèn kaya mangkono kiye | pikir lagi binakalan | mungguh ing kene paman | dene yèn nuli acampuh | Kumpêni lawan wong Cina ||

21. kono gone pikir malih | lêlakon amrih dadia | ya môngsa bodhoa kowe | radèn apatih tur sêmbah | yèn inggih karsa tuwan | abdi dalêm kula tundhung | pun Paridan umantuka ||

22. dhatêng nagrine tumuli | supados mratikêlana | wong Cina amrih galake | anuntên kadadosana | ing prang age campuha | yèn wus kahana pukulun | abdi dalêm pun Paridan ||

23. dadosa sirahing kardi | bucal punggawa satunggal | pun Cina amrih maptêpemantêpe. | sang nata aris ngandika | yèn sira wus pracaya | Si Paridan nora gêcul | yèn bêcik sakarsanira ||

24. tur sêmbah anulya mijil | Rahadèn Natakusuma | sapraptanirèng dalême | nimbali Radèn Paridan | prapta binêkta ngiwa | radèn patih ngandikarum | hèh radèn sira tampia ||

25. timalanetimbalane. sri bupati | mundhut pati uripira |

--- 22 : 76 ---

sira tinuduh ing gawe | andadoskên lêlampahan | darapon enggala prang | galaka wong Cina iku | tumuli nêmpuha ing prang ||

26. puluh-puluh sri bupati | kudu pracaya ing sira | apa dene raganingong | kudu nganggêp tan sumêlang | kutin tan ngrasa beda | lawan kabèh anak ingsun | Si Suwarna Si Supama ||

27. poma dèn angati-ati | radèn aja kaya bocah | gawe iki luwih abot | agawat kaliwat-liwat | dèn polat dèn lumumpat | dèn asamun dèn asêmu | dèn samar aywa kawêdhar ||

28. dèn awingit dèn abangkit | iya amung donganingwang | mring sira sun sêdyakake | Martapura duk miyarsa | nangis sarwi tur sêmbah | lêbura dadosa bubuk | bêbalunge pun Paridan ||

29. tan nêdya mingkêt sanyari | nglampahi karya sampeyan | lawan tuduhe sang katong | ajura kumur-kumura | badan amora kisma | amuntir jêjenggotipun | ngawêt macicil tur sêmbah ||

30. nolih rahadèn apatih | prapta kang tigang tadhahan | rong tadhahan busanane | ingkang satadhahan reyal | patang atus ngandika | nya radèn gawenên sangu | lawan iku patêlêsan ||

31. kang karakêt awak mami | bêdhil alus patang pasang | sira sun gawani towok | kêkênuran salawe prah | nêmbah sampun tinampan | mundur wusnya nguswa suku | sapraptaning pamondhokan ||

--- 22 : 77 ---

32. sayaga budhal ing wêngi | sawadyane Martapura | ya ta gênti winiraos | Adipati Jayaningrat | nimbali Suralaya | kalawan Ki Arya Kudus | lan ngaturi Citrasoma ||

33. pinanggihan pondhok wingking | wus tata sami alênggah | ki dipati ngandikalon | hèh ta sanak Citrasoma | mangke kula utusan | marang Tumênggung Mataun | lawan Radèn Surabrata ||

34. yèn awrat kula aturi | wong agung kalih punika | dawêg angalahi gawe | jujug Radèn Surabrata | dika mila kula jak | wong sakawan ugêripun | pasisir môncanagara ||

35. amrih gilige ing pikir | bêcik ingkang wani kalah | ajana kabotan bokong | wus mêsat ingkang dinuta | wus têlas pinitungkas | prapta ing pakuwonipun | Adipati Pranaraga ||

36. tinimbalan wus apanggih | codakacundaka. ing Pakalongan | nêmbah sarwi matur alon | pukulun amba dinuta | dhatêng rayi sampeyan | ki dipati aturipun | punapa rayi sampeyan ||

37. ingkang dhatêngi mariki | lan Dipati Citrasoma | sami bêkta kaliwone | punapa inggih paduka | ingkang anêdhakana | nauri Radèn Tumênggung | Surabrata iya ingwang ||

38. kang maring pondhoke adhi | kalima êting kewala | sira banjura dèn age | marah kang Mataun Jipang | lamun ingsun wis mangkat | amung kalima ting naur | maring pondhok Pakalongan ||

--- 22 : 78 ---

39. duta Pakalongan aglis | lajêng mring Mataun Jipang | prapta katur saature | Ki Mataun sigra dandan | bêkta amung sakawan | kalima lan êtingipun | lèr warung watu kacandhak ||

40. sarêngan dènnya lumaris | Mataun lan Surabrata | dutèng Pakalongan age | andhingini tur uninga | praptane gustinira | ki adipati amêthuk | munggèng kori pasanggrahan ||

41. wus tundhuk wong agung katri | sakawan lan Citrasoma | Arya Kudus kalimane | kanêm Radèn Suralaya | wusnya tata alênggah | langkung dènira sêsugun | Adipati Jayaningrat ||

42. wadya sami kinèn nêbih | mung rare alit kewala | ingkang atêngga anglone | ijèn samyalit tekonya | wusnya adhahar wedang | ngandika Radèn Tumênggung | Surabrata Pranaraga ||

43. adhi kula tur upaksi | pun Tumênggung Martapura | duk wau dalu angkate | mantuk dhatêng Garobogan | punapa ta sampeyan | botên pinaringan wêruh | ing lampahipun punika ||

44. mring ki lurah radèn patih | mokal adhi yèn suwênga | alon wau ing saure | Adipati Jayaningrat | dèrèng ing sapunika | wikana kakang tumênggung | manawi ing benjang enjang ||

45. inggih kakang kadipundi | kang karsa raka paduka | têka botên sami ngêtog | dhatêng niyaka nagara | nênggih Tirtawiguna | lan Arya Pringgalayèku | botên winawuh ing rêmbag ||

46. kawula dèrèng [dè...]

--- 22 : 79 ---

[...rèng] kadugi | radèn apatih kang karsa | pra dipati sadayane | kang sami tukang prakara | pan sami kalancangan | dhatêng pun Martapurèku | saèn tan arsa anggula ||

171. Dhandhanggula

1. nanging kawula maras ing batin | dhatêng raka paduka ki lurah | yèn makatên teregane | ngucira botên wurung | pra dipati Kartasurèki | tan wontên bisa mênga | pijêr ting palinguk | kang sami kinathik praja | pasamoan kadi tatu kang prihatin | yèn katungkul anjagal ||

2. botên wontên kang nêdya sayêkti | anênungkul amrih kaluputan | pan inggih dhatêng lurahe | awak wong êndhas wakul | awak nôngka balonyo sami | samôngsa kinêbuka | amung isi êntut | rêmbug kang karêm bangêrnya | rêmbug suci kang wangi nora gêpoki | bêtah andulu janma ||

3. kari marang Ki Martapuralit | alit dêdêg alit lênggahira | kayu jarak canthèlane | prandene bisa manggung | pan angungkung ngungkul-ungkuli | ingkang samya ginantang | munggèng mring pring pêtung | pinayonan pêparadan | nora muni anjintêl pilêrên mêngi | tan patut dèn ingua ||

Lajêng nyandhak jilid: 23.

--- 22 : [0] ---

AsanapunIsinipun.

135. Kangjêng Ratu Kancana seda. (Mijil, Sinom). ... kaca 3

136. Radèn Ayu Taman, tiyang ayu ing Pathi. (Sinom, Asmaradana). ... kaca 8

137. Pangeran Purbaya kalorod kalênggahanipun, lajêng dipun kendhangakên dhatêng sabrang. (Asmaradana, Dhandhanggula). ... kaca 17

138. Ingkang Sinuhun têdhak anadar dhatêng Matawis. (Dhandhanggula, Sinom, Asmaradana, Pangkur). ... kaca 26

139. Gègèr Pacina ing Batawi. (Pangkur, Sinom , Pangkur, Durma, Asmaradana, Pangkur). ... kaca 36

140. Cina Pasisir wetan tata-tata badhe pêrang. Ingkang Sinuhun ing Kartasura ngrêmbag kawontênanipun pêrang Cina lan Kumpêni. (Dhandhanggula, Sinom, Asmaradana, Dhandhanggula, Sinom). ... kaca 61