Sastra Jawa

Program Digitalisasi Sastra Daerah

  • Increase font size
  • Default font size
  • Decrease font size

Babad Tanah Jawi, Balai Pustaka, 1939-41, #1024 (Jilid 24)

Katalog:Babad Tanah Jawi, Balai Pustaka, 1939-41, #1024
Sambung:
1.Babad Tanah Jawi, Balai Pustaka, 1939-41, #1024 (Jilid 01). Kisah, Cerita dan Kronikal | Babad Tanah Jawi #1010.
2.Babad Tanah Jawi, Balai Pustaka, 1939-41, #1024 (Jilid 02). Kisah, Cerita dan Kronikal | Babad Tanah Jawi #1011.
3.Babad Tanah Jawi, Balai Pustaka, 1939-41, #1024 (Jilid 03). Kisah, Cerita dan Kronikal | Babad Tanah Jawi #1012.
4.Babad Tanah Jawi, Balai Pustaka, 1939-41, #1024 (Jilid 04). Kisah, Cerita dan Kronikal | Babad Tanah Jawi #1013.
5.Babad Tanah Jawi, Balai Pustaka, 1939-41, #1024 (Jilid 05). Kisah, Cerita dan Kronikal | Babad Tanah Jawi #1014.
6.Babad Tanah Jawi, Balai Pustaka, 1939-41, #1024 (Jilid 06). Kisah, Cerita dan Kronikal | Babad Tanah Jawi #1015.
7.Babad Tanah Jawi, Balai Pustaka, 1939-41, #1024 (Jilid 07). Kisah, Cerita dan Kronikal | Babad Tanah Jawi #1016.
8.Babad Tanah Jawi, Balai Pustaka, 1939-41, #1024 (Jilid 08). Kisah, Cerita dan Kronikal | Babad Tanah Jawi #1017.
9.Babad Tanah Jawi, Balai Pustaka, 1939-41, #1024 (Jilid 09). Kisah, Cerita dan Kronikal | Babad Tanah Jawi #1018.
10.Babad Tanah Jawi, Balai Pustaka, 1939-41, #1024 (Jilid 10). Kisah, Cerita dan Kronikal | Babad Tanah Jawi #1019.
11.Babad Tanah Jawi, Balai Pustaka, 1939-41, #1024 (Jilid 11). Kisah, Cerita dan Kronikal | Babad Tanah Jawi #1020.
12.Babad Tanah Jawi, Balai Pustaka, 1939-41, #1024 (Jilid 12). Kisah, Cerita dan Kronikal | Babad Tanah Jawi #1021.
13.Babad Tanah Jawi, Balai Pustaka, 1939-41, #1024 (Jilid 13). Kisah, Cerita dan Kronikal | Babad Tanah Jawi #1022.
14.Babad Tanah Jawi, Balai Pustaka, 1939-41, #1024 (Jilid 14). Kisah, Cerita dan Kronikal | Babad Tanah Jawi #1023.
15.Babad Tanah Jawi, Balai Pustaka, 1939-41, #1024 (Jilid 15). Kisah, Cerita dan Kronikal | Babad Tanah Jawi #1024.
16.Babad Tanah Jawi, Balai Pustaka, 1939-41, #1024 (Jilid 16). Kisah, Cerita dan Kronikal | Babad Tanah Jawi #1025.
17.Babad Tanah Jawi, Balai Pustaka, 1939-41, #1024 (Jilid 17). Kisah, Cerita dan Kronikal | Babad Tanah Jawi #1026.
18.Babad Tanah Jawi, Balai Pustaka, 1939-41, #1024 (Jilid 18). Kisah, Cerita dan Kronikal | Babad Tanah Jawi #1027.
19.Babad Tanah Jawi, Balai Pustaka, 1939-41, #1024 (Jilid 19). Kisah, Cerita dan Kronikal | Babad Tanah Jawi #1028.
20.Babad Tanah Jawi, Balai Pustaka, 1939-41, #1024 (Jilid 20). Kisah, Cerita dan Kronikal | Babad Tanah Jawi #1029.
21.Babad Tanah Jawi, Balai Pustaka, 1939-41, #1024 (Jilid 21). Kisah, Cerita dan Kronikal | Babad Tanah Jawi #1030.
22.Babad Tanah Jawi, Balai Pustaka, 1939-41, #1024 (Jilid 22). Kisah, Cerita dan Kronikal | Babad Tanah Jawi #1031.
23.Babad Tanah Jawi, Balai Pustaka, 1939-41, #1024 (Jilid 23). Kisah, Cerita dan Kronikal | Babad Tanah Jawi #1032.
24.Babad Tanah Jawi, Balai Pustaka, 1939-41, #1024 (Jilid 24). Kisah, Cerita dan Kronikal | Babad Tanah Jawi #1033.
25.Babad Tanah Jawi, Balai Pustaka, 1939-41, #1024 (Jilid 25). Kisah, Cerita dan Kronikal | Babad Tanah Jawi #1034.
26.Babad Tanah Jawi, Balai Pustaka, 1939-41, #1024 (Jilid 26). Kisah, Cerita dan Kronikal | Babad Tanah Jawi #1035.
27.Babad Tanah Jawi, Balai Pustaka, 1939-41, #1024 (Jilid 27). Kisah, Cerita dan Kronikal | Babad Tanah Jawi #1036.
28.Babad Tanah Jawi, Balai Pustaka, 1939-41, #1024 (Jilid 28). Kisah, Cerita dan Kronikal | Babad Tanah Jawi #1037.
29.Babad Tanah Jawi, Balai Pustaka, 1939-41, #1024 (Jilid 29). Kisah, Cerita dan Kronikal | Babad Tanah Jawi #1038.
30.Babad Tanah Jawi, Balai Pustaka, 1939-41, #1024 (Jilid 30). Kisah, Cerita dan Kronikal | Babad Tanah Jawi #1039.
31.Babad Tanah Jawi, Balai Pustaka, 1939-41, #1024 (Jilid 31). Kisah, Cerita dan Kronikal | Babad Tanah Jawi #1040.

Regi f 0.50

Babad Tanah Jawi

Jilid: 24

Bale Pustaka - Batawi Sèntrêm

--- 24 : [1] ---

Serie No. 1289w

Babad Tanah Jawi

Jilid: 24

Ingkang Sinuhun Pakubuwana II mêmêngsahan kalihan Kumpêni

Bale Pustaka - Batawi Sèntrêm - 1941

--- 24 : [2] ---

Wêwênangipun ingkang ngarang kaayoman miturut anggêr ingkang kapacak ing Sêtatsêblad 1912 No. 600

--- 24 : [3] ---

Pangeran Têpasana lan Pangeran Jayakusuma seda dipun lawe

186. Asmaradana

1. ya ta kawuwusa enjing | Rahadèn Jayakusuma | seba mring kang raka age | Pangran Arya Têpasana | nunggil pakuwonira | lêlajuran bêthèkipun | prapta ngarsaning kang raka ||

2. tur sêmbah ngaturkên warti | kakang mas kula miyarsa | wontên sangit binarèngkès | salênthing botên sakeca | mila putra sampeyan | Puspadirja têmah kokum | wêwadul saking kapitan ||

3. pun kakang mas kang ngaturi | sêrat pêpitu pawarta | pun Puspadirja dutane | surat kang katur ing nata | inggih saking kapitan | pun paman dipati bêndu | asangêt dhatêng kapitan ||

4. mila kapatihan mangkin | baris pêndhêm sabên dina | langkung sangêt bramatyanebramantyane. | pun paman Natakusuma | ajêng nyêpêng kapitan | kalawan para tumênggung | ing jro ajêng cinêpêngan ||

5. nanging wadana jro sami | angoncati ing prakara | dhatêng sampeyan enggoke | kang tiniban ing prakara | mila dipun prayitna | kathah kang jawil pukulun | kakang mas dhatêng kawula ||

6. kang raka ngandika aris | hèh adhi mas aja sira | rêrungunên ing pawartos | dadi ala wong sêsanak | aran dhewe wus lila | kabèh pusaka pinundhut | iya saking tan angrasa ||

7. singa kang

--- 24 : 4 ---

jumênêng aji | angêmpèk pangan kewala | aran têtunggal warise | saengga dèn lakonana | wong Bali Balambangan | pantês labuh rêmuk rêmpu | yèn iki aja rinasa ||

8. iku ujar nyênyetani | mulane sok antuk ala | dene ujar kang mangkono | kaya yayi aturira | ing wingine punika | ika ujar ngadu-adu | yêkti tan patut dinawa ||

9. Pangran Wiramênggalèki | langkung dènira sungkawa | kacêthikan pratikêle | tinutuh-tutuh anêmah | mring kang rayi sadaya | pinrih matia tan kolu | dadya amupus ing ajal ||

10. yèn karuhana sang aji | ingkang dèn mungsuh punika | salah siji têtelane | lamun amungsuh Walônda | Walônda ingêbyukan | lamun wong Cina dèn mungsuh | iya Cina ingêbyukan ||

11. amung ecane sakêdhik | miyarsa gunêm wong Jawa | radèn patih asring gèsèh | lawan nayaka bicara | lagya sêngsêm sang nata | punggawa kêkasihipun | Tumênggung Tirtawiguna ||

12. malah supe ing pêpatih | punika dèn arsa-arsa | patih dadia putunge | sayêkti gajah tur êlar | Radèn Natakusuma | punika panyiptanipun | Pangeran Wiramênggala ||

13. kunêng kang winuwus malih | Dipati Natakusuma | enjing animbali age | Arya Malayakusuma | prapta sinung parentah | umatur yèn sampun masuk | paekan karya santosa ||

14. mirapêt ing sêdhêp manjing | wus dadya ecaning driya | sampun pracaya

--- 24 : 5 ---

batine | inggih dhatêng ing rahadyan | Arya Mlayakusuma | radèn patih ngandikarum | hèh radèn arya ing enjang ||

15. dika aturi mariki | raka andika Pangeran | Têpasana lan arine | Pangeran Jayakusuma | yèn dika tinakonan | wontênparan karyanipun | paman nimbali kawula ||

16. makatên saurirèki | punika duka sampeyan | nanging pun Kapitan Langpèl | enjing arsa pêpanggiha | lawan rama andika | apênêd kalêthêkipun | mila ngaturi sampeyan ||

17. mung puniku sampun malih | Malayakusuma nêmbah | lèngsèr saking ing dalême | Rahadèn Natakusuma | lajêng mring pakajangan | mampir pakajanganipun | Pangran Arya Têpasana ||

18. tumamèng pakuwon aglis | Pangran Arya Têpasana | kagyat kang rayi praptane | pinêthuk nèng palataran | kinanthi ingkang asta | saking pundi ariningsun | mampir pakuwon pun kakang ||

19. Malayakusuma angling | kangmas saking kapatihan | inggih ingutus lêrêse | sampeyan kangmas ngaturan | inggih ing benjang-enjang | rama paduka ing besuk | inggih tamian kapitan ||

20. Pangeran Têpasanèki | kalangkung kagyat ing manah | aris ing pangandikane | yayi sarênga lan dika | punapa akampuhan | Malayakusuma matur | inggih kampuhan kewala ||

21. Radèn Mlayakusumamit | dhumatêng wau kang raka | Pangeran Têpasanane | sadalu tan angsal nendra | mêrêm mêlik kang manah |

--- 24 : 6 ---

ngandika sajroning kalbu | pangeran ing Têpasana ||

22. apa karyane kang wadi | paman patih aputusan | datan ana karyaningong | kagawa awoning raka | Pangran Wiramênggala | Pangeran Têpasanèku | kawilut awoning raka ||

23. Pangran Wiramênggalèki | sayêkti ingkang nalimpang | kait lan Kapitan Langpèl | yèn ta sampuna kantênan | kang dèn mungsuh sang nata | Cina lan Kumpêni iku | dèn byuki salah satunggal ||

24. arsa tan lumampah nênggih | dhumatêng Natakusuman | dene ta Kapitan Langpèl | badhe marang kapatihan | marma eca ing driya | datan kawarna ing dalu | apan wus rahina tatas ||

25. Arya Mlayakusumèki | samana sampun utusan | ing Pangran Têpasanane | ingaturan enjang-enjang | sowan mring kapatihan | Pangeran Têpasanèku | wus siyaga kêkampuhan ||

26. sigra dènira lumaris | marang ing pondhokanira | Radèn Mlayakusumane | amêthuk ing palataran | sampun tata alênggah | kunêng wau kang winuwus | rahadèn ing kapatihan ||

27. samana wus animbali | Ki Tumênggung Surabrata | lan kinèn milihi kang wong | bêcik-bêcik dèn gawaa | tan adangu wus prapta | ing kapatihan wus tundhuk | rahadèn patih ngandika ||

28. hèh yayi ing Pranaragi | wongira kang pêpilihan | prênahna pipining regol | lan padha aling-alinga | ing kajang uran-uran | nuruta pinggir [ping...]

--- 24 : 7 ---

[...gir] batagung | padha ngagêma talêmpak ||

29. kang baris pêndhêm ing jawi | wong kapatihan nèng jaba | Surajaya kêkasihe | kalawan Si Surabôngsa | Srundiya Surayuda | lawan Surawadanèku | kalawan Nilasaraba ||

30. wong kapatihan jro baris | amêndhêm ing palataran | wong Sêcanirbayarane | lawan wong Jayamênggala | lan wong Jayaparusa | lan wong Jayaantakèku | lawan wong Sêcanirmala ||

31. lan wong Tanpagêmbung nênggih | kalawan wong Tanparaga | wong Narantaka malihe | kalawan wong Jayèngraga | Jayènglatri kalawan | wong kapêtêngan puniku | anyatus salurahira ||

32. kapêtêngan kang nglurahi | anênggih Suradigdaya | lan Mangunonêng sisihe | baris jroning paregolan | radèn patih ngandika | marang ing Radèn Tumênggung | Surabrata Pranaraga ||

33. dika nèng regol anênggih | yèn Pangeran Têpasana | prapta andhêgên nèng regol | yèn andika tinakonan | ngakua bantu ing prang | mring Arya Pringgalayèku | nganggoa kaprajuritan ||

34. padha kubêngana kursi | kiwa têngên paregolan | lan dokokana tuk gêdhe | iku dadi kanyatahan | kalamun Si Kapitan | Langpèl arsa amartamu | wau ingkang kawuwusa ||

35. Radèn Mlayakusumèki | lan Pangeran Têpasana | mangkat saking ing pakuwon | praptèng dalêm kapatihan | kèndêl ing paregolan | tata

--- 24 : 8 ---

nèng kursi alungguh | lan Tumênggung Surabrata ||

36. pangeran kagyat ningali | ing Rahadèn Surabrata | asmu sandea manahe | dènnya busanèng ayuda | dadya pangeran tanya | punapa kakang tumênggung | angangge kaprajuritan ||

37. Surabrata anauri | kawula badhe bantu prang | ing rayi sampeyan radèn | nênggih Arya Pringgalaya | sampeyan lan kapitan | punika arsa mratamu | mariki mila wasisan ||

38. kawula arsa manggihi | wasisan dèn prayakêna | Pangeran Têpasanane | adhêm wau ing tyasira | sigra Rahadèn Arya | Malayakusuma matur | ing Pangeran Têpasana ||

39. kakang mas kula aturi | kèndêl ing ngriki kewala | kawula lumêbèng mangke | atur uninga ing paman | manawi dèrèng mirsa | yèn sampeyan sampun rawuh | ling Pangeran Têpasana ||

40. inggih yayi dipun aglis | Radèn Malayakusuma | lèngsèr samana praptèng jro | tundhuk lan radèn apatya | alon dènnya atanya | pangeran punapa sampun | rawuh anèng paregolan ||

41. inggih dangu dènnya prapti | rahadèn patih ngandika | radèn wangsula mring regol | pan sampun winêkas-wêkas | sigra wangsul Rahadyan | Malayakusuma tundhuk | mring Pangeran Têpasana ||

42. Malakusuma angling |Kurang satu suku kata: Malayakusuma angling. kakang mas rama andika | inggih wau timbalane | dika matur ing pangeran | kula todhi ing manah | dènira suwitèng ratu | masalahing katêmênan ||

--- 24 : 9 ---

43. kalamun si botên osik | ing mangke kula gêgila | inggih têmên pangwulane | pangeran ing Têpasana | kagyat anglês ing nala | yayi mung sariraningsun | punapa kenging panggiha ||

44. lan pun paman adipati | kawula arsa prasêtya | malah kasusu ature | inggih ta wontên punapa | nanging ta kakang êmas | paduka atilar dhuwung | yèn panggih rama andika ||

45. yèn taksih angagêm kêris | yêkti rama jêngandika | akathah sônggarunggine | angling Pangran Têpasana | inggih dawêg yayi mas | katura puniku dhuwung | wus tinampan ing rahadyan ||

46. apan ta wau kang rayi | Rahadèn Jayakusuma | awrat pocote dhuwunge | kang raka alon ngandika | hèh yayi aturêna | nêdya punapa puniku | ran dhèwèk tan sêdya ala ||

47. mara aturna tumuli | kêris marang rayi para | apan yayi raganingong | pan ora agawe ala | nulya Jayakusuma | angaturkên dhuwungipun | ing Radèn Mlayakusuma ||

48. sigra Ki Mangunyudèki | kalawan Ki Surayuda | wus kinêjèpan kalihe | nubruk Pangran Têpasana | lawan Jayakusuma | kalihe sampun kapikut | saksana nulya kabêsta ||

49. jôngga sampun dèn tangsuli | datan sagêd tumungkula | pan sampun dèn prênahake | munggèng surambining langgar | sajroning paregolan | kinubêng ing baris agung | prajurit ing kapatihan ||

50. suku samya dèn tangsuli | sinarimpung kalih pisan | Pangeran [Pange...]

--- 24 : 10 ---

[...ran] Têpasanane | mojar marang kang angrêksa | Radèn Wirakusuma | hèh paman andika matur | dhatêng paman adipatya ||

51. yèn kêni kula puniki | pan namung urip kawula | katura ing paman mangke | yèn kawula anêdyaa | ngakali panjênêngan | supaya purun anusul | ingantukakên ing Jawa ||

52. lan pusaka tanah Jawi | supaya kula aturna | pinundhutan ing sang katong | Rahadèn Wirakusuma | andhêku aturira | anggèr jrih kawula matur | pangeran anglês miyarsa ||

53. sumêdhot angraos mati | Pangran Arya Têpasana | karaos para putrane | jalu Radèn Wiratmêja | Dènmas Grênditaruna | adhuh nyawa putraningsun | sira pisah lan pun bapa ||

54. ingkang waspa adrês mijil | tinênggak-tênggak anuntak | nulya mêndhung riris awor | jawah ing sami sakala | Radèn Jayakusuma | patagihan takèn candu | marang kang sami rumêksa ||

55. nulya dèn suwunkên aglis | mring radèn patih sinungan | sigra dèn untal sapongge | angatag mring kang rumêksa | Radèn Jayakusuma | pêdhakêna kursiningsun | sun angujung mring kakang mas ||

56. kang raka ngandika aris | yayi aja pindho karya | sun tarima sadurunge | ran dhèwèk wong tanpa dosa | sahid ing patinira | mênga pintuning swargagung | payo pasrah ing Hyang Suksma ||

57. kala kacêkêlirèki | anuju pukul sawêlas | ing pukul gangsal sontêne | pinundhut maring jro pura | tinandhu lampahira | tinèdhèng [tinè...]

--- 24 : 11 ---

[...dhèng] cindhe barukut | ingiringakên gêgaman ||

58. Mangunonêng kang tinuding | kalawan Suradadaha | kinèn sami ngatos-atos | yèn prapta loji manawa | tinakonan ngakua | yèn bêndara radèn ayu | aseba maring jro pura ||

59. prajurit kang sikêp karbin | wolung dasa munggèng ngarsa | wolung dasa waos cebol | praptèng loji lampahira | Kumpêni samya cingak | têtanya sintên puniku | saure kang tinakonan ||

60. gih radèn ayu dipati | aseba marang jro pura | lajêng wus praptèng kadhaton | pinarnah ing Suranatan | Radèn Jayakusuma | patagihan sarêng surup | takèn candu kudhandhangan ||

187. Dhandhanggula

1. ingaturan candu sa-kêmiri | marang Ngabèi Asmaradana | cinalêguk sadayane | ing bakda ngisanipun | kalih kinèn sami nêlasi | linawe wus palastra | ing sêngkalanipun | gana rêtu obahing rat |Sengkalan: gana rêtu obahing rat (1666 A.J., 1741/1742 A.D.). kinèn ngubur kalihe nèng ardi Wujil | kilèn sagarayasa ||

2. wus dilalah karsaning Hyang Widi | punggawagung sami tilar nalar | miwah ta ing pêpatihe | tan ana wani matur | ing dosane durung sayêkti | dèn imbara kewala | sêdhêng ukumipun | yèn cidraa ing nagara | pasthi ludhês saka awake pribadi | yèku rèh kang santosa ||

3. dene ta wus kocap nguni-uni | adiling ratu yèn kaluputan | mung mungguh wutahing gêtèh | kang agêng dosanipun |

--- 24 : 12 ---

maratani wong sanagari | utang kêdhik kewala | kèh sêsauripun | upama pitik satunggal | sinauran kêbo satus nora uwis | yèn mungguh wutahing rah ||

4. wus pinathok kisabing Hyang Widi | yèn wong utang utang wutahing rah | yèn durung saplak ukume | nora angetung ratu | lan satriya mantri dipati | utang marang urakan | bupati lan jagul | ratu lan wong rucak-rucak | sêsaure tikêl ping sèwu anênggih | kalamun wutahing rah ||

5. aja mungguh darahe pribadi | tunggal wiji padha trah minulya | yèn kêdhika sêsaure | sêdhih kang para putus | nora wurung rusak ing bumi | pra dipati tur kathah | tan ana tinantun | dilalah pan nora kêna | winicara sabênêr-bênêre kêni | barang rèh sarta nalar ||

148. Pangeran Wiramênggala lolos saking nagari Kartasura ngêmpal Cina

6. kunêng Pangran Wiramênggalèki | duk miyarsa kang rayi palastra | anèng jro pura linawe | tangis umyang gumuruh | wadya Kaselongan jalwèstri | sagung kang para putra | kang uwa rinubung | uwa wontên pundi rama | para garwa kang tangis pating jalêrit | pundi rayi sampeyan ||

7. langkung bêbah nalôngsa ing batin | sira Pangeran Wiramênggala | tan wruh mangkene dadine | ngandika arawat luh | wis mênênga aja nênangis | abdi kumpul sadaya | ing sawontênipun | abdi lami Kaselongan |

--- 24 : 13 ---

ingkang sami suwitanyar tan pinanggih | siji wus nora nana ||

8. dêmang among praja bule maksih | suta têtiga priya diwasa | Ônggatruna pambayune | Ônggawirya panggulu | Sutawirya ingkang wuragil | lawan Kiyai Rawan | sutane têtêlu | sadaya sampun diwasa | wong kêlasi saking Japênan nagari | pun Dhampak pun Galeyah ||

9. sarilaya sami wong kêlasi | Sandinaya wong anjangêt samya | pun jêndhil lawan pun monyèt | nangis angêmbat lawung | miwah pêdhang amêncak sami | anggubêl para putra | anggèr dawêg ngamuk | sêpuh Radèn Wiratmêja | ingkang rayi nênggih Radèn Mas Garêndi | ngangkat birai lagya ||

10. atmajane Jayakusumèki | Dènmas Surada birai sandhang | angajak ngamuk tangise | kang uwa ngandikarum | olèh pira alêbu gêni | mungsuh wong sanagara | wus dandana kulup | payo lunga budidaya | bokmanawa ana apuraning Widi | dene wong tanpa dosa ||

11. sigra dandan budhal têngah wêngi | wong lanange kang ambêkta watang | amung wolulas cacahe | nênêm sanjatanipun | ingkang rolas tumbak lan lêmbing | tulup pasêr gandhewa | radèn kalihipun | sami angagêm gandhewa | ingkang kathah pawèstri lan rare cilik | watawise sadaya ||

12. kalih bêlah lampahe wus têbih | amung pêpitu kang nitih kuda | kuda awon-awon bae | wontên ngaturi wêruh | marang radèn rêkyana patih | lajêng katur sang nata | lamun lolosipun |

--- 24 : 14 ---

Pangeran Wiramênggala | pêparentah sang nata kinèn nututi | kang tinuduh ing lampah ||

13. wadana kalih ingkang satunggil | Radèn Arya Malayakusuma | kêrig mantri panêkare | dene satunggilipun | wadanane bumija nênggih | Tumênggung Mangkupraja | sapanêkaripun | têtindhihing kapatihan | Sewabôngsa dene wong môncanagari | Sarêngat ing Caruban ||

14. Rawa Pace Kaduwang ngêblêgi | budhal saking nagari kasêsa | kalih èwu watawise | gêgaman kang lumaku | kawuwusa ingkang lunganis | kêbyaran anèng Sima | nênggih wetanipun | angalèr anjog Gagatan | pan sadina tan kèndêl dènnya lumaris | angrempong sami sayah ||

15. sayah arip lan sayah angêlih | ngambah wana tan amanggih desa | lèrèn lamun ana kalèn | kumrubut sami nginum | ting carêngèk kang lare alit | duk wanci pukul tiga | ing wuri gumuruh | malêdug swaraning kuda | kang nututi Pangran Wiramênggalèki | lampahe nikêl ngetan ||

16. kelangan lari ingkang nututi | yèn katona pan untap-untapan | saking rêngkêde wanane | milane tan kadulu | saking bingung tan antuk titik | katuju kang lumampah | sayah kathah ngantuk | pinggir kalèn angalungsar | kêmlakarênkêmlêkarên. toya tan bisa lumaris | satêngah nusup nendra ||

17. ing pêpèrènging marga kapering | pinggir kali kalingan kalangan | pring rampal dadi rumpile | dhukut marakat [ma...]

--- 24 : 15 ---

[...rakat] mirut | saking anglih gumulung guling | kagyat turôngga lintang | jumbul nèng garumbul | kumroyok kadya dèn oyak | samya ngiyag kagèt mulat amêgati | mudhun saking turôngga ||

18. amarani prasamya ngancari | ing sanjata lêmbing lawan tumbak | tanpa ngucap pacocone | anglês lêmês alêsu | pan kalêmbung anginênanginum. warih | tan bisa awêwarah | anjomblong anjêtung | tinarik nurut kewala | wus ginawa mring têtêgar pinggir margi | rinubung binabayang ||

19. tinakenan tan bisa cumuwit | nulya wontên mantri bêkta kupat | mung papat linolohake | kolu ingkang têtêlu | kupat sompil lêbune gampil | nulya akas abagas | bisa cêcalathu | tinitihakên ing kuda | kudandapan tinuntun anèng ing ngarsi | kinèn tuduh salasah ||

20. nulya amenggok ngetan sakêdhik | lajêng ngalèr ngilèn panikêlnya | nulya panggih salasahe | watêsan ing wanèku | bumi Pajang lan Dêmak nênggih | ingkang lèr bumi Dêmak | bumi Pajang kidul | ing padhas bumi Gagatan | ing Panimba lèr padhas bumi pasisir | ingkang tumut ing Dêmak ||

21. pan ing ngriku nyandhak kang nututi | nanging tan bisa mêlak katulak | ing marga sangêt angèle | wrêksa kang tiras rubuh | anggalinggang sami gumuling | nèng padhang sumaladhang | nêngahi margagung | wus katon untap-untapan | nora bisa ngrikatakên wong lumaris | saking rêngkêding marga ||

22. wadya

--- 24 : 16 ---

Selongan sami anjêlih | samya sêsambat sajak ngamuka | tinangisan bêndarane | dhuh anggèr dawêg ngamuk | datan wande kacandhak mati | angêlih sangêt sayah | luhung sami ngamuk | abdi paduka sadaya | datan sagêd inggih lumampaha malih | ling Radèn Wiratmêja ||

23. bapa among praja sira aglis | kang rêrepot padha angumpula | lan uwa turana rèrèh | saenaking lumaku | ingsun arsa nanggulang jurit | ngumpul amung wolulas | nênêm rarenipun | kang sawêg kumala-kala | sikêp lêmbing salawe prah nora luwih | mangsah ngalangi marga ||

24. wadya Selong sami munggèng kèri | waos lêmbing sami munggèng wuntat | Rahadèn Wiratmêjane | mapan ngarsa gènipun | wus pinanthêng gandhewa gadhing | wasta pun Baleragas | têturunanipun | saking ingkang buyut eyang | pun Galeyah pun Dhampak prasami jêrit | miwah pun Sarilaya ||

25. sami sêgêr tan angraos ngêlih | kang nututi sadaya tumingal | kèndêl angatag balane | môncanagara ngayun | ing Sarêngat sira Ngabèi | Suralêgawa miwah | lan Surantakèku | kaliwone wong bumija | lan kaliwon Kamlayakusuman sami | Radèn Wirataruna ||

26. kang saragni samya ambêdhili | angarutug Radèn Wiratmêja | ngamuk lan wadya salawe | ing ngarsa lajêng campuh | rame datan kèndêl ing bêdhil | Ki Dêmang Surantaka | nglumba kudanipun | tiba ngakahi prabatang | Ki Ngabèi Suralêgawa kudèki |

--- 24 : 17 ---

bêsat kang nunggang tiba ||

27. Radèn Wirataruna gagahi | bala kalulun mawur wurahan | tan anolih palayune | kang ngamuk sami liwung | Wiratruna mire lumaris | gumrubyug salang-tunjang | ingudag malêdug | kèh kabranan sami tiba | saking kuda ing wuri katunjang bali | kapêlak kathah tiba ||

28. apakèwêd kang munggèng turanggi | samya rikat kang lumayu dharat | kadhangan ing suladhange | galinggang agung-agung | pira-pira turôngga kari | anggêpok wong ngrêrêmbat | lumayu gumrubyug | sami atinggal pikulan | anggêlasah sinalasah bosah-basih | têbih palayunira ||

29. Radèn Wiratmêja angèndêli | wadyanira sami ambêbandhang | ing kuda wus nitih kabeh | malah ana kang nuntun | sami saking luhur turanggi | ingkang giniring kathah | alon dènnya muwus | sira Radèn Wiratmêja | Ônggawirya Si Dhampak balia aglis | iku kuda bandhangan ||

30. padha giringên bali dèn agisaglis. | aturêna marang kangjêng uwa | rêrepot tunggangna kabèh | jaran bandhangan iku | Ônggawirya Dhampak wus bali | kang kari ambêbandhang | jro pikulan agung | kang jinujug amung sêga | kang ginawa wangsul sabalanirèki | Rahadèn Wiratmêja ||

31. sapraptaning uwa sami bukti | pan warata ingkang sami sayah | pawèstri kalawan lare | ngajêng ing lampahipun | kang rêrepot antuk turanggi | angalèr lampahira | praptane lèr gunung | Kêndhêng [Kê...]

--- 24 : 18 ---

[...ndhêng] iringe lor nulya | menggok ngilèn nurut iring-iring wukir | gantya wau kocapa ||

32. kang ingamuk kaplayu ing jurit | nunjang wuri ing wadananira | Radèn Mlayakusumane | langkung dènira bêndu | kang lumayu dipun adhangi | ginêbug ing landheyan | amêksa lumayu | miwah Radèn Mangkupraja | dadya Radèn Malayakusuma aglis | ngawaki anèng ngarsa ||

33. samya wangsul sagung para mantri | sampun têbih ingkang tinututan | alon lumintu lampahe | wus sangêt tahanipun | sakathahe ingkang nututi | dadya sampun katingal | marpêki tan purun | wus tilar talatah Dêmak | sangkin ngilèn ngambah talatah Samawis | anêrak pabarisan ||

34. samya gugup sagung ingkang baris | dene tan ana miyarsa warta | lamun pangeran lolose | milane sami kuwur | datan wontên ingkang ngadhangi | katlanjur lampahira | mring barisanipun | wong Cina ingkang tinêrak | kang ambujung pra mantri wus kari têbih | Radèn Mlayakusuma ||

35. para mantri arsa dèn tumbaki | kinèn mêlak mêksa tan anyandhak | saking wus têbih karine | wau ta lorogipun | Pangran Wiramênggala prapti | pakuwone Kapitan | Singsèh kang jinujug | gugup wong Cina malêmpak | para ècu sadaya sami nakèni | ngungsi umur karsanya ||

36. sigra Singsèh Kapitan manggihi | sônggarunggi baris kang wong Cina | wus sami lênggah arèrèh | Singsèh alon amuwus |

--- 24 : 19 ---

jêngandika wong agung pundi | Pangran Wiramênggala | alon sauripun | manira wong Kartasura | dèn sikara mariki nêdya angungsi | marang ing pakênira ||

37. nanging umur sapala puniki | lan anak putu puniki samya | kang manira ungsèkake | Kapitan Singsèh matur | gih pangeran sampun kuwatir | nulya sinungan prênah | sinugata sampun | Kapitan Singsèh utusan | tur uninga mring Radèn Martapurèki | yèn wontên pêplajêngan ||

38. saking nagari Kartasurèki | nama Pangeran Wiramênggala | lan Radèn Wiratmêjane | utusan prapta sampun | katur kabeh ingkang wêwêling | Singsèh mring Martapura | nanging tan lumaku | Singsèh pinanggil praptaa | sigra Singsèh matur ing pangeran aris | tuwan sêsareana ||

39. dipun sakeca wontên ing ngriki | kawula ngundhangi wadya Cina | sami ngumpula barise | bok prapta kang bêbujung | kula kène ambilawani | sajatine Kapitan | Singsèh nyolong laku | mring pondhoke Martapura | sapraptane panggih wus atata linggih | nèng pondhoke pungkuran ||

188. Pangkur

1. singsèh alon wuwusira | kadipundi tuwan radèn puniki | pikir dika kang satuhu | ing praptane Pangeran | Arya Wiramênggala pangungsinipun | lawan Radèn Wiratmêja | wong tuwane dèn patèni ||

2. gêgawane winatara | lanang wadon kalêbu lare cilik | kadi ta luwih wong satus |

--- 24 : 20 ---

ingkang sikêp gêgaman | wontên tiyang salawe kadi tan langkung | manthuk-manthuk Martapura | itu bapak lêbih baik ||

3. Pangeran Wiramênggala | pangungsine maring dika sayêkti | bapak ingkang punya untung | pasthi puniku uga | ngenggalakên ing lêlakon pêcahipun | tulunge topekong dika | wudharing rèh kang piningit ||

4. pangran mangke panggihana | sarta dika ature dèn aririh | makatên andika matur | pangran kula punika | ing samangke kadi ta wong wuta bisu | saking gadhêgêlên lampah | tan wontên kang mratikêli ||

5. mangke tamian paduka | sami gupuh mikir ing wadya alit | dening sônggarungginipun | sadaya kang wong Cina | dening lagya ayun-ayunan kang pupuh | wong Cina lawan wong Jawa | angrangkêp lawan Kumpêni ||

6. yèn paduka ngungsi nyata | sayêktine wong Cina anglabuhi | nanging ta pratandhanipun | asèlèha gêgaman | tumbak bêdhil pêdhang pasêr lawan tulup | kawula kang ngrawatana | wong Cina eca tyasnèki ||

7. yèn wus gêgamane kêna | nuli ingsun karyakkên rèngrèng benjing | sêrat ingkang badhê katur | Radèn Natakusuma | sayêktine lajêng katur sang aprabu | punika ingkang amêcah | lêlakon ingkang piningit ||

8. Kapitan Singsèh miyarsa | langkung suka ya radèn aprayogi | nanging ta gêgaman iku | kathah wong Kartasura | kang nututi puniku roro Tumênggung | Arya Malayakusuma | Tumênggung Mangkuprajèki ||

--- 24 : 21 ---

9. bokmanawa amarusa | bêburone iya rinêbut wani | Radèn Martapura muwus | bapak môngsa wania | lamun ora sarta lan pratikêlipun | lawan pratikêle iya | Jayaningrat Adipati ||

10. jêr padha ngandhut parentah | wanipane yèn wus prapta ing ngriki | ingsun paman jêndral laut | Dipati Jayaningrat | jêndral dharat pan padha kuwasanipun | samêngko wong Kartasura | môngsana wani nglangkahi ||

11. pasthine iku kongkonan | marang ingsun lan marang ki dipati | dèrèng mingkêm dènnya muwus | prapta mantri caraka | aran Sutasantana putusanipun | Arya Malayakusuma | lan Ngabèi Wirapati ||

12. utusane Mangkupraja | duta kalih sami ngaturkên tulis | winaos pan asung wêruh | ingkang ngirid gêgaman | lawan malih anêdha pratikêlipun | bêburone wus karuwan | pan sampun andhok ing ngriki ||

13. pinaring wêwangsulira | duta lajêng marang ing Lampèr nênggih | ênggène pakuwonipun | Dipati Jayaningrat | saungkure caraka Singsèh gumuyu | radèn bênêr tuturira | lakune ingkang nututi ||

14. anjaluk pangwasanira | dadi ingsun wus tan duwe kuwatir | marang kang nututi iku | kari pangipuk ingwang | iya marang Pangran Wiramênggalèku | Kapitan Singsèh pamitan | mantuk pakuwone prapti ||

15. manggihi marang pangeran | sawuruke Radèn Martapurèki | kang kinarya angrêrimuk | Pangran Wiramênggala | têka [tê...]

--- 24 : 22 ---

[...ka] gampang ngêsrahkên gêgamanipun | tinampan marang kapitan | sawiji tan ana kari ||

16. mung Pangran Wiramênggala | lawan Radèn Wiratmêja kang maksih | kalihe angangge dhuwung | ayêm wus tan rêkasa | satingkahe Singsèh wus anut tinurut | ing tyas santosa pracaya | Singsèh dutane lumaris ||

17. marang nagri Kartasura | sêrat badhe katur radèn dipati | kang rèngrèng akarya têmbung | Rahadèn Martapura | duta paranakan Cina kang lumaku | kunêng gantya winursita | wau carakanirèki ||

18. Radèn Malayakusuma | lan dutane Radèn Mangkuprajèki | prapta ing Lampèr wus pangguh | Dipati Jayaningrat | tinampenan kang sêrat winaos sampun | kadriya têmbunging surat | angalênggêr kya dipati ||

19. kang surat atur tupiksa | lampahipun nênggih wong agung kalih | Arya Malayakusuma | lan Radèn Mangkupraja | ambêbujung Pangran Wiramênggalèku | rayi kalih sinedanan | kang sêpuh kesah ing latri ||

20. carakane winangsulan | wus tinulak wangsul praptane sami | panggih lan wadananipun | katur surat kalihnya | kang satunggal saking Dyan Martapurèku | Adipati Jayaningrat | surate ingkang satunggil ||

21. apan sami têmbungira | dika radèn antosa dèn aririh | kang dadya lampah puniku | Pangran Wiramênggala | palayune ngungsi wong Cina kinukup | tan kêna yèn ginagodha | yèn botên salin piranti ||

22. kula kang darbe bubuhan | lawan [la...]

--- 24 : 23 ---

[...wan] inggih adhi Martapurèki | radèn ngantosa karuhun | dèn eca masanggrahan | saha bala nèng bumi Dêmak ing ngriku | sawetan tanah Samarang | sampun radèn mobah-mosik ||

23. nganti prayogining lampah | kula lawan adhi Martapurèki | duk miyarsa kalihipun | wus sami rêrêm ing tyas | Arya Mlayakusuma Mangkuprajèku | miwah wong môncanagara | mung sami atur upaksi ||

24. ing radèn patih tur wikan | sabarang rèh kawot ing suratnèki | kunêng malih kang winuwus | Dipati Jayaningrat | animbali Radèn Martapura dalu | lawan Radèn Suralaya | kalihe wus sami prapti ||

25. nèng pakuwon pêpungkuran | tata lênggah dènira amanggihi | ki adipati amuwus | hèh Radèn Martapura | kadi makètên têka dadining laku | durung olèh saonjotan | sêmpalane andrawili ||

26. tan wurung bêbingung lampah | wèh kaledhon binanjurna tan bêcik | wong lumaku yèn bêbingung | kangelan karusakan | candhak cêkêl anênêmpuh pikir kuthuh | Adipati Jayaningrat | sarwi waspanira mijil ||

27. sun awlas ing ratuningwang | nora wurung rusaking tanah Jawi | mangkene kêkêmbangipun | dene nora kayaa | mung ki lurah radèn patih ingsun tutuh | karsane kurang mutabar | nora polatan ing pikir ||

28. dene iki durung pira | nuli ana susulan ngrêregoni | sapa ingkang duwe atur | anyedani [a...]

--- 24 : 24 ---

[...nyedani] kang raka | Pangran Têpasana apa undhakipun | pinatèn lan inguripan | pakolèhe akèh êndi ||

29. tumungkul Dyan Martapura | môngsa borong kula botên kadugi | pikir kang angkêr kang sirung | wong cilik apan darma | ing parentah pêpatih lurah kang tinut | datan sagêd rêrangkêpan | nadyan bupati jêr alit ||

30. nanging watawis kawula | dene pikir saking radèn apatih | kang dadyatur wowor sambu | saking ing bêborotan | nanging kula puniki angiras laku | yèn sampuna tinimbalan | wus niyat sowan mariki ||

31. inggih ngaturi uninga | pun Kapitan Singsèh atur upaksi | yèn pangeran sampun nutut | anut dhatêng Kapitan | Mudha Singsèh pangeran pan asrah sampun | sagung gêgamaning aprang | pun Singsèh wus atur tulis ||

32. dhatêng raka jêngandika | radèn patih duta lumampah wingi | paranakan kang ingutus | tan purun kêkanthèna | inggih lawan utusan kula pukulun | cipta sampun mênthung koja | angènggalakên prakawis ||

33. milane sampeyan susah | ingkang pundi wêwagêling prakawis | alon dènira amuwus | Dipati Jayaningrat | dhi Martapura gaib ujar puniku | wong ajaga kabatinan | wong amucung luwih bêcik ||

189. PocungTeks asli: Pucung.

1. barang laku aja amung lairipun | dèn sarta batinnya | aja ngagungake lair | lair iku ki batin ingkang marentah ||

--- 24 : 25 ---

2. laku luhur ila-ila alun-alun | yèku têtabêtan | para ratu nguni-uni | ingkang alus kang luhur wajib tinulat ||

3. aja tiru ingkang asor kang asaru | asor iku nistha | rusak pêpacangannèki | kang utama pacangane kaluhuran ||

4. kaya iku Pangeran Selong linampus | yèku ukum apa | ukum akarya kuwatir | durung yêkti lan tibaning ukumolah ||

5. durung patut sônggarunggi karya lampus | imbara kewala | lan ginawe sênapati | tinêmpuhkên ing karya barang karsendra ||

6. yêkti labuh isin sèdhèng apakewuh | sanadyan sèdhènga | rusak agawe pribadi | trah Mataram yèn cidra nêmu cilaka ||

7. lah puniku pinatèn pan cacad agung | wong atipis manah | pasthi setan ngêlik-ngêlik | ngajak apês si setan angajak rusak ||

8. pikir punggung nora ngandêl ing Hyang Agung | pan pikir urakan | tan etung têpa palupi | nora nganggo sumingkir rèh wutahing rah ||

9. pan dosagung wêwalêse tanpa gunggung | atinggal tuladan | apês bae kang pinanggih | apan ana ing kojah Bathara Rama ||

10. duk anglurug Ngalêngka arsa pinukul | lamun angumbara | ing napsune dèn alani | mring Rawana iku nyolong ingkang garwa ||

11. pantêsipun iku tan kêna andulu | maring wong Ngalêngka | muring-muring amatèni | parandene patundhuke Wibisana ||

12. kadangipun dening

--- 24 : 26 ---

raksasa sang prabu | nora pinatenan | ingandêl ora kuwatir | lair batin apracaya ing bathara ||

13. dadya wuwuh wahyuning Hyang kang dhumawuh | sababe pracaya | nir kuwatir sônggarunggi | wong ngakèhkên kuwatir apês tan kentar ||

14. lamun iku watira kadanging mungsuh | karya tipis ing tyas | sapolahe tanpa dadi | nora panggih putri Manthilidirêja ||

15. malihipun bêbakale wong pinunjul | surayaning jagat | wong Arab prang pisan kawit | lamun matènana mungsuh Radèn Maktal ||

16. nora tutug dadi satriya pinunjul | wêwinih apura | sinêmbah para narpati | milanipun swargi wa dika si bapa ||

17. alamipun Sunan Mangkurat rumuhun | misih Pusparaga | jinunjung nama bupati | sinung nama Ki Tumênggug Jayaningrat ||

18. sawah sèwu sang nata langkung sihipun | malah tinariman | putri Sumêdhang pinaring | pulunane Ratu Kancana Mangkurat ||

19. sedanipun kang sinuhun putranipun | gumantya narendra | si bapa sangsaya olih | pangwulane mring Sunan Mangkurat Êmas ||

20. nora sinung bêbasan lawan sang prabu | swargi uwa dika | kokon-kokon lan sang aji | pan pinadha lawan Radèn Mas Sudira ||

21. milanipun duk Pangran Pugêr rumuhun | lolos mring Samarang | uwa dika sèdhèng pikir | dene ngrungu wirayate wong sêsumbar ||

22. duk Sinuhun Mangkurat mênang prangipun | mungsuh Trunajaya | kalah prang

--- 24 : 27 ---

angungsi wukir | nora ngadêg barise mari anglawan ||

23. pan ingipuk darapon purun anungkul | kabeh kang dinuta | samya kinèn anangguhi | ing uripe mula nungkul Trunajaya ||

24. praptanipun anèng ngarsane sang prabu | têka maksih bandan | ana kang kagèt ningali | kang gêgêtun Kapitan Jungkur kuwasa ||

25. liwat ngungun pagene mangkono iku | Susunan Mangkurat | tinggal kramaning narpati | Trunajaya pan iku wus madêg raja ||

26. mêngko nungkul binônda pan nora patut | buwang kasantosan | mungguh kramaning narpati | beda lawan kacandhak têngahing aprang ||

27. winayungyung panungkule durung tamtu | wong nungkul arisan | iku maksih dèn talèni | apa iya wus tatane ratu Jawa ||

28. nanging ingsun wus ngrungu warta rumuhun | yèn rajèng Mataram | pratingkahe padha luwih | bisa ngirib-irib para ratu Ngarab ||

29. têka iku nêmpuh nguthuh pikir butuh | sayêkti akarya | apêse ing wuri-wuri | ingsun wani ngarani môngsa turuna ||

30. sêtun iku awake dhewe kang tutug | ratu polah nistha | kêna dhêndhaning Hyang Widi | apa iku nora sok mamaca kojah ||

31. luwuripun saba Mêkah sabên taun | Jêng Sultan Muhamad | Mataram pan ratu mukmin | barêngane lawan sultan ing Makasar ||

32. padha ratu nungkul wus aris tan patut | nganggoa binônda | pakartine rare cilik | tinggal kêris yèn raja iku tan kêna ||

--- 24 : 28 ---

33. sawusipun têlung dina gya linampus | Prabu Trunajaya | pra dipati kang nuduki | kasangsaya buwang mêmanising tingkah ||

190. Dhandhanggula

1. sangsaya wani dènira angling | sira Kapitan Jungkur kuwasa | ngucap saênggon-ênggone | lan pasudaranipun | kang wus matêng dipun tuturi | yèku Sunan Mangkurat | dudu traping ratu | amatèni têtêlukan | ratu kumprung anaa kang ngajak mami | ingsun wani mungsuha ||

2. môngsa dadak bobota satali | pan wus ana ngèpèk-èpèk ingwang | wong mangkene tatrapane | dudu wong bakal luhur | kaki Marmagati nauri | tuwan kula têtanya | tatrap badhe luhur | kang tumurun putra wayah | miwah buyut Kapitan Jungkur nauri | santosambêk apura ||

3. Trunajaya lamun dèn uripi | ingapura lupute sadhela | wakil kudu arêp dhewe | duk durung dadi ratu | Trunajaya miwah sang aji | wus sami prajanjeyan | mangke duwe luput | ingapura pinasrahan | tinutugkên saprajanjiyaning nguni | iku ratu utama ||

4. yêkti turun anak putunèki | padha wibawa adêging raja | yèn iki Allah norawèh | mung lagi awakipun | tinurutan dening Hyang Widi | yèn saturune nora | iku ujar ingsun | nguripana Trunajaya | kinaryaa pêpatih ngungkuli bumi | dene ratu santosa ||

5. nagri Bali Balambangan kêni | Crêbon Bantên nadyan tanah sabrang | kaungkulan [ka...]

--- 24 : 29 ---

[...ungkulan] sudibyane | lah titènana besuk | yêkti apês sawuri-wuri | milane swargi rama | duk arsa prang pupuh | Susunan Mangkurat Êmas | lan kang paman tur kinarya senapati | baris anèng Ungaran ||

6. ujar iku adhi kang kaèsthi | nuli Sênthul têluk mring Samarang | amêngakakên barise | wirayatira iku | kaya iki gusti sang aji | lamun angapuraa | ing sadosanipun | mring kang raka Pangran Arya | Têpasana ginawea senapati | amrih pikir santosa ||

7. pasthi lamun sakarsane dadi | mandah luhure karaton Jawa | yèn kaniaya mangkene | tan wurung apêsipun | awak ingsun aja mênangi | apêse ratuningwang | lingsêm ing tumuwuh | lan rusake tanah Jawa | ingsun tiwas wong kinarya bau keri | lah iku antêp ingwang ||

8. ingsun iki arsa kintun tulis | maring ki lurah radèn apatya | ingkang sun suwun putrane | kang dadi mantuningsun | gantyanana lêlakon mami | Rahadèn Bagus Pama | ingong pan wus sêpuh | wong tuwa sugih lêlara | dhongkol bae Martapura duk miyarsi | jêtung apundirangan ||

9. sarta matur inggih kadipundi | dene kawula mirsa wirayat | wong tapa ing panyêthane | têdhak Mataram besuk | lamun ana kang murwèng jurit | yèn umbul-umbul kitab | pilih wawratipun | punika sawêg anêdya | mêngsah kapir angrata agamèng nabi | dè makatên paduka ||

10. alon wau dènira nauri |

--- 24 : 30 ---

sira Adipati Jayaningrat | hèh kaliru pratikêle | nêdya nglarangi asu | têka misih angêmpit kirik | angur kapir Walônda | amung nabinipun | Cina kapire brahala | ingsun iki jinis Cina nguni-uni | nganthia durung arsa ||

11. kadipundi ta kula puniki | wus pinanjingakên dadi sirah | sampeyan mêkatên mangke | kula ta botên itung | angandika si adipati | mungguh bêcik lan ala | ana ing tyasipun | yèn dika suci ing nala | yêkti botên katut dhêndhaning Hyang Widi | beda lawan pun kakang ||

12. inggih adhi padha dum basuki | Martapura wus amit tur nêmbah | êbyar praptèng pakuwone | kunêng gantya winuwus | dutanira Singsèh wus prapti | nagari Kartasura | wau kang jinujug | Angabèi Surajaya | pêpatihe ing radèn rêkyana patih | kang surat tinampenan ||

13. wus binêkta asowan ing gusti | paranakan wau dutanira | pun Kapitan Mudha Singsèh | tinampèn suratipun | duk winaos sinuksmèng galih | ngungun kagyat ing driya | radèn patih gupuh | asowan malêbèng pura | tinimbalan praptèng byantara narpati | angaturakên surat ||

14. tinupiksa têmbunging kang tulis | atur tabe gusti radyan patya | pun Kapitan Mudha Singsèh | sampuning tabenipun | inggih kula atur udani | yèn mangke Jêng Pangeran | Wiramênggalèku | lawan Radèn Wiratmêja | duk binujung putusan saking nagari | ngungsi dhatêng kawula ||

15. nanging

--- 24 : 31 ---

inggih bilih kongsi lami | kathah sami wong Jawa suwita | ing mangke pintên lamine | sampun kathah kang rawuh | tiyang Jawi ngojok-ojoki | kang sami sakit manah | kathah warninipun | kula tan sagêd anyêgah | nuwun wulang ing gusti radèn apatih | paran dadosing karsa ||

16. mugi-mugi gusti radèn patih | angaturêna atur punika | dhatêng sang nata wiyose | kalangkung anênuwun | yèn paringa radèn apatih | pawarti kang santosa | inggih pasthinipun | ing karsane sri narendra | duk miyarsa sang nata langkung asêdhih | alon dènnya ngandika ||

17. paman adipati paran kapti | pagawean iki pan wis rupak | radèn patih tur sêmbahe | sumanggèng karsa prabu | yèn rondheya anêniwasi | punapa ingantosan | pun Cina pukulun | pan sampun angsal dandanan | yèn sandea kang rencang ambêbayani | pasthi ngadêgkên raka ||

18. kapêlak maras tyasira aji | yèn sampuna kêsusu ing lampah | arsa nêningali bae | wong Cina yudanipun | lan Walandi ingabên jurit | dupi kasêsèng lampah | ngawaki ing pupuh | wong Jawa lawan Walônda | kamarasên wong Cina wus antuk aji | mila amurwèng yuda ||

19. sri narendra angandika malih | iya paman apa ingantosa | nuli lêkasana age | kasupèn ingkang rêmbug | arsa ngabên anêningali | dadya mirogèng karsa | gugup sang aprabu | loji ingkang êlor paman |

--- 24 : 32 ---

ingsun uwis pracaya ing sira ugi | môngsa bodhoa sira ||

20. dene loji ingkang kidul iki | bocah wadana jêro sadaya | ya Si Rajaniti bae | apatih awotsantun | nguswa suku anulya mijil | sapraptanirèng jaba | pêparentah gupuh | sarta masang rakitira | ing ayuda dènnya angrabasèng loji | wadya ing kapatihan ||

21. para lurah samya dèn timbali | samya ginanjar arta busana | pan linèlèr sakancane | myang patêdhan sang prabu | ginanjarkên samya waradin | bêbênting myang rasukan | ana ingkang kudhung | miwah calana sangkêlat | myang baludru rêrendan pinanjing-panjing | abra prajuritira ||

22. loji kidul ingkang dèn rukêti | Kyai Rajaniti amboboka | ing kidul banon lojine | anibanana pungkur | Ki Tumênggung Natayudèki | lawan Ki Wirajaya | munggèng sitiluhur | gêbyog kilèn dèn rubuhna | tibanana munggèng sawetaning loji | dene Ki Wirarêja ||

23. lan Tumênggung Tirtawigunèki | angrêksaa anèng kamandhungan | lawang gapit bubuhane | wus dadya rêmbagipun | sira radèn rêkyana patih | animbali punggawa | numbakanyar sèwu | lawan Tumênggung Toyamas | pan sinandi mracayakakên mring loji | kang bantu ing ayuda ||

24. anglurugi Cina ing Bahrawi | ambantoni Arya Pringgalaya | kang tugur Salatigane | nênggih sêngadinipun | sajatine amukul [amuku...]

--- 24 : 33 ---

[...l] loji | prajurit kapatihan | kang arsa dèn adu | prasamya wong pêpilihan | duk sêmana rahadèn rêkyana patih | ngundhangi wadyanira ||

25. para lurah pêpak munggèng ngarsi | samya ambêkta sakancanira | munggèng palataran andhèr | apan wong pitung atus | prajurite radèn apatih | samya dinulangmangap | kang dadar lumintu | kadya panjrahing puspita | kang prajurit busanane warni-warni | abra pênuh nèng ngarsa ||

26. punggawa katri apan wus prapti | sira Tumênggung Jayasudirga | lawan Mangunnagarane | myang Yudanagarèku | catur ingkang kaliwonnèki | Ngabèi Mangunyuda | punika tinuduh | wus samya nèng ngarsanira | angandika rahadèn rêkyana patih | marang katri punggawa ||

27. ingkang mracayakkên marang loji | sira mantri Gowong lawan Kalang | ambantoni ing lakune | Arya Pringgalayèku | atur sêmbah punggawa katri | lawan Ki Sêcayuda | Si Gunawangsèku | iku têtindhih manira | kang sun karya matapitaning kang baris | aturna mring kapitan ||

28. Sutayuda kang sampun winisik | lawan Gunawôngsa ing sasolah | kasaru wau praptane | sira Kyai Tumênggung | Rajaniti wus tata linggih | alon ing aturira | kalamun panuju | karsa paduka mundura | ngupadosa dintên kang apênêd benjing | Kêmis ngajêng punika ||

29. wus tinundhung wau punggawa tri | mundur saking ngarsane rahadyan | kantun Ki Rajanitine | alon dènira matur |

--- 24 : 34 ---

yèn suwawi punggawa katri | ngakêna bantu yuda | mring Salatigèku | nganggea kaprajuritan | sabalane dimèn samya ngati-ati | dening abdi paduka ||

30. angakêna urun anindhihi | wus panuju rahadèn apatya | myarsa sarêmbug-rêmbuge | ya ta warnanên dalu | sira radèn rêkyana patih | andhawuhkên timbalan | marang tri tumênggung | besuk dina Kêmis enjang | siyagaa binantokakên ing jurit | marang ing Salatiga ||

31. sira Ki Tumênggung Rajaniti | pan sadalu anèng kapatihan | apan wus matêng rêmbuge | antara tan winuwus | sampun prapta ing dina Kêmis | enjing samya siyaga | katri punggawèku | miwah wadya kapatihan | para lurah prapta sakancane sami | ngrasuk busanèng yuda ||

32. saha gêgamanira tan kari | aglar anèng ngarsane rahadyan | wau punggawa katrine | prapta ing dalêmipun | sira radèn rêkyana patih | alon dènnya ngandika | mring para tumênggung | kang timbalan sri narendra | ambantua mring Arya Pringgalayèki | marang ing Salatiga ||

33. lawan ingsun gawani têtindhih | prajurit ingsun ing jro sadaya | punggawa tri tur sêmbahe | lan malih ingsun tuduh | Mantri Kalang Gowong prasami | nanging ta antènana | ing loji karuhun | apan sun dadak kewala | sun dhawuhi parentah ing wau latri | kadi lamun rubêda ||

34. Ki Sutayuda ingkang tinuding | lawan Gunawôngsa mracayakna | marang punggawa katrine |

--- 24 : 35 ---

kang winisik ing laku | ing timbalanira apatih | hèh sira ajanjiya | lan Si Goplêm iku | sangadia atêtanya | ing praptane wong Kalang Gowong inganti | Si Goplêm sumaura ||

35. yèn gêgaman Kalang dèrèng prapti | lamun uwis mêtu kaping tiga | nuli bocah ingsun kabeh | sami barênga ngamuk | dene ingkang rêbuta kori | kakangira Kusuma | lan Surayudèku | dening sira Sutayuda | Gunawôngsa dhingin angamuk ing loji | lawan katri punggawa ||

36. poma dèn padha angati-ati | anglakoni parentah narendra | para lurah sadayane | sandika aturipun | kumarubut sami ngabêkti | angaras ing suku sang | nuhun barkatipun | rahadèn patih ngandika | sun nyangoni ing salamêtira sami | aja na kang mundura ||

149. Wadya Kumpêni ing Kartasura pêrang kalihan prajurit Jawi

191. Durma

1. duk samana Tumênggung Jayasudirga | angimpi nora bêcik | karasèng tyasira | sariranya marlupa | wêwêlinging para rabi | miwah atmaja | padha dèn bêcik kari ||

2. Ki Tumênggung Natayuda duk samana | sadalu nora guling | pitêkur kewala | sariranya marlupa | sampun karaos ing galih | sadalu pisan | anêbut kongsi enjing || [|...]

--- 24 : 36 ---

[...|]

3. sira Radèn Apatih Natakusuma | miyos paseban jawi | amanggihi marang | sira katri punggawa | pan sampun winêling-wêling | amit tur sêmbah | budhal sagunging baris ||

4. panganjure mantri sèwu numbakanyar | wadya Toyamas wuri | nulya kasambungan | prajurit kapatihan | busananya warni-warni | lir puspitabra | ingkang lumakyèng ngarsi ||

5. ingaranan atusan wong jayantaka | nulya kang anambungi | wong jayamanggala | nulya wong jayèngastra | wong narantaka nambungi | ing wurinira | nulya wong jayènglatri ||

6. nulya wong tanpagêmbung sumambung wuntat | wong tanparaga nuli | wong sêcanirbaya | lan wong sêcanirmala | kang munggèng wurine malih | wong jayaprusa | nêngguh kang anambungi ||

7. ing wurine ingaran wong kapêtêngan | sikêp sanjata karbin | waos cêcebolan | nulya wong pêpundhutan | pilihan môncanagari | Suradilaga | nêngguh kang anindhihi ||

8. Mangunonêng nindhihi wong kapêtêngan | lan Suradula nênggih | sira Nayagarwa | sadaya para lurah | wolung dasa sadayèki | momonganira | kinèn angati-ati ||

9. lampahira wadya sèwu numbakanyar | prapta ngarsaning loji | angirid gêgaman | mingsêr ngilèn lampahnya | ing kawiragunan prapti | punggawanira | samya lumêbèng loji ||

10. para mantri panèwu kaliwonira | tumut lumêbèng loji | lan tindhih [ti...]

--- 24 : 37 ---

[...ndhih] dyan patya | dene ta barisira | kang wadya radèn apatih | kèndêl samana | munggèng ngarsaning loji ||

11. sawetaning waringin binatur aglar | wau punggawa katri | sampun têtabean | lawan sira kapitan | Tumênggung Mangunnagari | Jayasudirga | Tumênggung lawan malih ||

12. ing Toyamas Tumênggung Yudanagara | kaliwone tan kari | sira Mangunyuda | sampun tata alênggah | lan tindhih rahadèn patih | Ki Sutayuda | Gunawôngsa kang kanthi ||

13. Sutayuda umatur marang kapitan | maringkên tabe ugi | rahadèn apatya | lawan katri punggawa | binantokakên ing jurit | mring Salatiga | nanging maksih anganti ||

14. Mantri Kalang Gowong ingkang dèrèng prapta | kapitan trimakasih | alon dènnya ngucap | mêngko yèn uwis prapta | kapanggiha lawan mami | sun arsa miyat | marang sagunging baris ||

15. kang bantu prang kang mukul Cina Bahrawa | Ki Mangunnagara ngling | adhi Sutayuda | dawêg dika pariksa | punapa ta sampun prapti | wong Gowong Kalang | Ki Sutayuda mijil ||

16. atêtanya mring wong lurah Jayantaka | Goplêm sumaur aglis | inggih dèrèng prapta | Mantri Gowong lan Kalang | Sutayuda wangsul aris | matur kapitan | gih tuwan dèrèng prapti ||

17. samya kèndêl wau ingkang kawuwusa | punggawa ing jro sami | miranti sadaya | ingkang mantri kaparak | jêjêl anèng ing sitinggil | gêgamanira |

--- 24 : 38 ---

sinamur tan katawis ||

18. Ki Tumênggung Natayuda Wirajaya | wus miranti sitinggil | myang Tumênggung Tirta- | wiguna Wirarêja | samya ngrêksa kori gapit | ing jro pasowan | wadya gêdhong miranti ||

19. Ki Tumênggung Rajaniti saha bala | sadalu dènnya wiwit | ambobok laleyan | sêdya anglambung yuda | wau kang winuwus malih | sira kapitan | lawan punggawa katri ||

20. dangu nganti ing praptane Mantri Kalang | kapitan tanya malih | punapa wus prapta | wong Gowong lawan Kalang | Ki Sutayuda gya mijil | matur sakala | matur yèn sampun prapti ||

21. Ki Tumênggung Mangunnagara kalawan | Jayasudirga angling | hèh tuwan punika | wong Kalang sampun prapta | punapa karsa Kumpêni | angling kapitan | kula arsa kapanggih ||

22. ingsun arsa têtabean asung arak | têka sagêlas mangkin | ya ta kawarnaa | lêlurah Jayantaka | pangrasanira anênggih | Ki Sutayuda | sampun mêdal ping katri ||

23. Walônda nèng ing Baturwringin sinipat | ing sanjata tan kêni | anggundam lumajar | marang loji sakala | kapitan kagyat miyarsi | sarya angucap | iku bêdhil punapi ||

24. sigra Sutayuda lawan Gunawôngsa | karo anarik kêris | goco mring kapitan | sigra dènnya lumumpat | kapitan anyandhak kursi | atangkis sarya | akèn anutup kori ||

25. munggah marang lotèng ngundang budhakira | kang anèng kamar sami | apan kalih dasa |

--- 24 : 39 ---

sami wong têtumbasan | angagêm pêdhang lan cundrik | wus lami myarsa | mila angati-ati ||

26. apan kuwur wong Jawa untêl-untêlan | wau punggawa katri | anarik curiga | nanging tan olih papan | tinunjang-tunjang wadyalit | wong têtumbasan | gapyuk samya ngêbyuki ||

27. bilulungan samya ngulati dêdalan | dènira arsa mijil | sarwi binêdhilan | saking lotèng kèh pêjah | ya ta kang anèng ing jawi | pan binêdhilan | mriyêm sing baluwarti ||

28. pan malêdug sami angungsi jêjurang | krêtêg ngandhaping kali | sira Surayuda | lawan Wirakusuma | pêksanya arêbut kori | pan katadhahan | katulak drêsing mimis ||

29. gya lumajar samana mantri têtiga | kang maksih jroning loji | mêksa bilulungan | tan ana akiwula | saking lotèng dèn bêdhili | kang saking ngandhap | budhak samya ngamuki ||

30. wong Kumpêni ngumpul mring lotèng sadaya | eca dènnya bêdhili | pan wus kathah pêjah | wong Jawa lêng-ulêngan | Jayasudirga akanin | Mangunnagara | prasamya dèn popori ||

31. Ki Tumênggung Yudanagara Toyamas | miyat punggawa katri | yèn wus katriwandhan | sigra dènnya lumajar | nusup lomponganing bêdhalbêdhil. | lumumpat mêdal | kapurancang dèn byuki ||

32. awakira rêmuk dening kapurancang | wau punggawa kalih | Ki Tumênggung Jaya- | sudirga wus palastra | lawan kaliwonirèki | myang santananya | tumpês tan ana

--- 24 : 40 ---

kari ||

33. turut lèpèn dènira sami lumajar | warnanên ing sitinggil | Ki Tumênggung Nata- | yuda lalan. Wirajaya | miyarsa swaraning bêdhil | hèh batur kônca | payo kari ing kardi ||

34. gêbyog kulon iku padha rubuhêna | gya rinubuhkên aglis | Kumpêni garjita | sigra wadya kaparak | saragêni sarêng bêdhil | Kumpêni tadhah | rame bêdhil-binêdhil ||

35. Ki Tumênggung Rajaniti wadyanira | bata kilèn andhani | awantêr ing yuda | angantêp bêdhah bata | minggah bata dèn andhani | prapta ing ngandhap | Dêmang Kondur namèki ||

36. lajêng ngamuk wus pêjah dening sanjata | kancanira ningali | tan wontên kang tahan | wangsul malorod mêdal | sigra kang wadya Kumpêni | kotbuta mangsah | minggah maring sitinggil ||

37. nurut rubuhaning gêbyog marginira | kuwur wadyèng sitinggil | akathah lumajar | Tumênggung Natayuda | wus aniyat mati sabil | panggah ing rana | binendrong dening bêdhil ||

38. ingkang wadya kaparak kuwur tatanya | katunjang para mantri | Ngabèi Jasônta | lawan Asmarandana | Tumênggung Natayudèki | sinipat kêna | jajane wus ngêmasi ||

39. Ki Ngabèi Asmarandana kalawan | Jasônta arsa pulih | tinadhahan tinggar | sinipat ing sunapan | Asmarandana wus kêni | lambunge kanan | niba nulya ngêmasi ||

40. Ki Ngabèi Jasônta tatu sirahnya | sutanya arsa pulih | ran [ra...]

--- 24 : 41 ---

[...n] Jayadirana | ngakahi jisimira | sinanjata ing Kumpêni | kêna aniba | Jadirana ngêmasi ||

41. gusis wadya kang anèng ing sitibêntar | sigra wadya Kumpêni | angabani bala | loji lèr sêdyanira | wus lajêng bala Kumpêni | golong lampahnya | ing alun-alun prapti ||

42. ya ta wau Ki Tumênggung Wirajaya | kang lagya angayuni | ing wadya kaparak | nèng kidul Pamacanan | miyat ing bala Kumpêni | angalèr mêdal | sigra kinèn nututi ||

43. tinut tan binêdhilan saking wuntat |Kurang satu suku kata: tinututan binêdhilan saking wuntat. kacandhak kang kêkalih | lajêng ingkang kathah | praptèng loji lèr samya | angumpul rewanging loji | para santana | kang magêlaran sami ||

44. aprasamya gugup mangetan lumajar | dandanane kèh kari | tan wikan ing warta | lumayu kathetheran | mangetan sadaya sami | kang kawarnaa | radèn rêkyana patih ||

45. sarêng mirsa wau swaraning sanjata | angrasuk busanaglis | sakapraboning prang | têdhak marang paseban | sakantune ingkang abdi | sampun siyaga | aglar ngarsaning gusti ||

46. angandika gugup rahadèn apatya | hèh Surajaya aglis | bocah kêbutana | payo têtulung yuda | budhal wadya tan asariakari. | sapraptanira | ing galedhegan jawi ||

47. pan kapêthuk ing wadya ingkang lumajar | Ki Surayuda aglis | anungkêmi pada | matur sarwi karuna | dhuh gusti tiwas kang abdi | pan kawanguran | tan kongsi malbèng loji ||

--- 24 : 42 ---

48. pan pun paman Mangunnagara palastra | inggih kula watawis | myang Jayasudirga | miwah samantrinira | kang sampun kalêbèng loji | tumpês sadaya | kadya tan angundhili ||

49. abdi dalêm kang badhe ngabên sadaya | tan kongsi marêpêki | kori kakriyinan | Kumpêni sêlak wikan | inggih gusti ingkang mawi | abdi paduka | pun Goplêm jêjaruhi ||

50. dèrèng dhatêng gusti ingkang prajanjeyan | nulya bêdhil rumiyin | satunggal tan kêna | munggèng wringin binata | mila kang wadya Kumpêni | atangkêb lawang | pan sarwi ambêdhili ||

51. adhuh gusti rumiyin gusti kondura | rèrèh dalêm rumiyin | apirêmbagana | lawan sagung punggawa | pan sampun tiwas ing jurit | yèn têtulunga | sêsulung lêbu gêni ||

52. sarêng myarsa ing ature Surayuda | duka radèn apatih | sêmutên kang jaja | sumung-sumung ing nala | yèn katingala tumuli | Goplêm pinatyan | dipun arsa pribadi ||

53. nulya kondur rahadèn rêkyana patya | wuwusên jroning loji | punggawa kang pêjah | dhuwunge ingambilan | katur kapitanirèki | kunarpanira | sampun binuwang kali ||

54. datan anggop mariyêm ing keri kanan | wau dènira bêdhil | nulya pêparentah | radèn rêkyana patya | mring sagung para dipati | kinèn ngêpunga | angangsêg lawan biting ||

55. sigra radèn rêkyana patya asowan | maring ing dalêm puri | mingêr lampahira | sapraptanirèng pura | ingandikan praptèng ngarsi | sri naranata | mèsêm ngandika [nga...]

--- 24 : 43 ---

[...ndika] aris ||

56. kayaparan ta paman bubuhanira | dene anêniwasi | kya patih tur sêmbah | ngaturkên pêjah gêsang | gumujêng sri narapati | patih tur sêmbah | pukulun ingkang mawi ||

57. wontên abdi dalêm gusti ingkang edan | dèrèng prapta ing janji | lêbête sadaya | kang badhe ngagêm ing prang | nulya anyipat Kumpêni | alon ngandika | sang nata asmu kingkin ||

192. Asmaradana

1. iya uwis paman patih | apa ingkang winicara | paman kang uwis kalakon | balik sira kongkonana | marang Si Martapura | lan bocah jro martalulut | barênga kongkonanira ||

2. nuli pundhutên tumuli | kakang mas Wiramênggala | marang Si Kapitan Singsèh | sira pan wus kalampahan | paman uwis pratôndha | rahadèn patih umatur | pukulun atur kawula ||

3. abdi dalêm kang abaris | kang wontên ing Salatiga | pun Arya Pringgalayane | lêhêng gusti tinimbalan | lan pun Mlayakusuma | inggih ingkang ambêbujung | ing Pangran Wiramênggala ||

4. angandika sri bupati | iya kabèh timbalana | sandikatur sêmbah lèngsèr | sapraptanira ing jaba | sigra dènnya mêmatah | kang duta wus lumastantun | lawan Ki Arya Dikara ||

5. ing marga datan kawarni | wus prapta nagri Samarang | ing pakuwonira Singsèh | dhinawuhkên kang timbalan- | nira sri naranata | pangeran ingkang pinundhut | Kapitan Singsèh sumôngga ||

6. kalangkung suka ing galih | pinatêdhanan [pina...]

--- 24 : 44 ---

[...têdhanan] uninga | sira pun Kapitan Singsèh | yèn loji sampun ginêcak | myang Radèn Martapura | sakalangkung bungahipun | pangran sampun cinêpênga ||

7. Pangran Wiramanggalèki | lawan sasêntananira | cinêpêng mring Cina kabèh | langkung dening kawlasarsa | para èstri karuna | Pangran Wiramênggalèku | lawan Radèn Wiratmêja ||

8. samana wus dèn têlasi | apan Ki Arya Dikara | nêngguh wau kang anglawe | kunarpanira pinêtak | anèng ardi Pragota | putranira ingkang timur | pangeran ing Têpasana ||

9. nênggih Radèn Mas Garêndi | punika tan kauningan | Radèn Mas Srada rowange | sutaning Jayakusuma | kalih tan katlikuran | dene maksih sami timur | pinupu maring wong Cina ||

10. pun Êtik ingkang ngrawati | saking dening wlas tumingal | mring radèn êmas kalihe | tinitipakên samana | nèng padhusunan Dêmak | langkung dening kawlasayun | kalih samya sabèng wana ||

150. Wadya Kumpêni asrah bongkokan dhatêng Ingkang Sinuhun

11. ganti kang kawuwus malih | Radèn Malayakusuma | wus bubar saha balane | mantuk marang Kartasura | lan Arya Pringgalaya | tuwin tumênggung Sidayu | pan sarêng dènira budhal ||

12. Arya Dikara narêngi | Tumênggung Sêcadiningrat | ing Sidayu sabalane | anyangkirang lampahira | margi dènira gepak |

--- 24 : 45 ---

nêdya mantuk mring Sidayu | apan wêlinge kang rama ||

13. Pangran Cakraningrat nguni | yèn sang nata mêmungsuhan | lawan Kumpêni dèn age | sira kacung amoroda | upama mungsuh Cina | aja ginggang ing prang pupuh | matia lah lakonana ||

14. wus praptèng Kartasurènjing | Radèn Arya Pringgalaya | miwah Arya Dikarane | myang Radèn Mlayakusuma | lajêng sarêng ngandikan | prapta ngarsane sang prabu | katur ing sasolahira ||

15. Pangran Wiramênggalèki | lawan Radèn Wiratmêja | sampun sinedanan kabeh | kinubur ardi Pragota | boyongan kathahira | sawidak katur sang prabu | lêga manahing narendra ||

16. nanging kanang dadya pikir | inggate Sêcadiningrat | pasthi lamun pambalike | adipati ing Madura | apan sakit ing driya | dene ta nora tinantun | duk rêmbag amangun yuda ||

17. sadaya tinundhung mijil | kinèn ngangsêg pambitingan | angêpunga loji kabèh | punggawa miwah santana | samya apamondhokan | kilèn lan wetan akêpung | satêmah karya piluwang ||

18. mangkana radèn apatih | apan arsa pirêmbagan | lan punggawa sakathahe | aprakara kang rinêmbag | dene têtilarira | punggawa kalih kang lampus | Tumênggung Jayasudirga ||

19. atilar suta lit-alit | têtiga kang sami priya | dèrèng kuwawi ing gawe | dene ta maksih arungan | marma ingkang rinêmbag | iya [i...]

--- 24 : 46 ---

[...ya] Radèn Singaranu | yogya katura narendra ||

20. anggêntosana lêlinggih | Tumênggung Jayasudirga | dene kasdhangan ing gawe | dene Ki Mangunnagara | sutane wus diwasa | dadya katur ing sang prabu | sampun kinulawisudha ||

21. mangkana rahadèn patih | putusan amundhut Cina | marang ing Kapitan Singsèh | kang badhe ingabên yuda | pan sampun ingaturan | nênggih Cina gangsal atus | sakawan kapalanira ||

22. pun Êping Bulung satunggil | kêkalih lawan pun eyang | pun Êtik lawan pun Êpo | wus prapta ing Kartasura | pan lajêng tinimbalan | prajurit Cina tumanduk | marang dalêm kapatihan ||

23. panggih lan radèn apatih | sadaya wus têtabean | wong Cina angaurake | tabene kapitanira | radèn patih ngandika | kaya apa wartinipun | dènira prang ing Samarang ||

24. Ping Bulung umatur aris | aprakawis ing Samarang | sampun tuwan walang atos | samôngsa dipun rêmêda | pasthi lêbur sadaya | Kumpêni sadarbèkipun | wus samya anèng baita ||

25. apan inggih angantosi | dyan patih lurah kawula | nêngguh pun Kapitan Singsèh | inggih timbalan sampeyan | tuwin jêng sri narendra | pinanggih samangsanipun | ampang loji ing Samarang ||

26. gumujêng rahadèn patih | alon dènira ngandika | ing kene kaya kapriye | pan wus kêmput biting ingwang | matur prajurit Cina | langkung ing karsa pukulun |

--- 24 : 47 ---

kawula darmi lumampah ||

27. tuwan andikakna nênggih | angamuk dalu sandika | tuwin ing siyang wus dene | apan ta sampun kasêdya | lêbura ing ayuda | anglampahi ing satuduh | sampeyan sarta sang nata ||

28. suka dènira miyarsi | alon dènira ngandika | iku ta aja mangkono | saenak-enaking lampah | sira ywa kongsi rusak | sukèng tyasira umatur | sagunging prajurit Cina ||

29. inggih kalamun suwawi | sampeyan sugih sanjata | mariyêm agêdhe-gêdhe | kula kêpunge kewala | biting kinarya rupak | sinanjata saking luhur | ing balowarti punika ||

30. wontên ingkang kantun nênggih | sisaning mimis ing benjang | kula lêbêti kemawon | kula amuke lan pêdhang | abir rintên kewala | pasthi tumpês datan kantun | gih kula idêk kewala ||

31. ngandika rahadèn patih | gampang wong angamuk wuntat | yèn wus kari wus sapele | pikirmu kang mau ika | iya ingsun kaduga | saksana sarêng tinundhung | pinarnah ing pamondhokan ||

32. dene sagung pra dipati | sampun ngêpung bitingira | ngangsêg kalawan temboke | sagung kang prajurit Cina | samya nuwun sang nata | mariyêm kang agung-agung | kenginga kadamêl yuda ||

33. sri naranata nglilani | ing dina SaptuSabtu. samana | ayun-ayunan bitinge | loji kinêpung sadaya | wong Cina lan wong Jawa | jagani mariyêmipun | bubuhane sowang-sowang ||

34. nulya sinulêdan aglis |

--- 24 : 48 ---

mariyêm lir gunung rêbah | parêng gênti panyulêde | loji ingkang pinetaran | lir bêlah kang pratala | anglir pendah gêlap sèwu | loji Kumpêni tan obah ||

35. Kumbarawa Kumbarawi | lan Kumba Aswanikumba | apan parêng panyulêde | wong Cina kang ngumahana | Subrastha Sagrawana | miwah mriyêm Ki Pamêcut | wong saragêni kang jaga ||

36. mariyêm Ki Gunturgêni | wong Cina ingkang ajaga | anulya ingisèn malèh | sinêngkakkên wowotanya | Kyai Gunturdahana | sabên-sabên patang puluh | kati pan obat kewala ||

37. mangkya dènira ngisèni | wolung puluh kati sigra | mimis pinêksa lêbune | wong saragêni angucap | Êcik iku kakehan | pan dudu wowotanipun | manawa kaparèng tiwas ||

38. prajurit Cina nauri | mênênga kang ora-ora | basa wong Jawa mangkono | iya nora tau aprang | nora kaya wong Cina | pan wus gêgarapanipun | sawusira ingisenan ||

39. nulya wadya saragêni | Subrastha Sagarawana | sarêng sinulêd kalihe | tibèng loji mimisira | rug kang bata lir bêngkah | kagyat Walônda agugup | sigra malês asanjata ||

40. mariyêm anganan ngeri | swarane lir rug kang arga | pan kadya anirnakake | ing bumi langit kasapta | ya ta prajurit Cina | Kumba Anikumba sampun | Kumbarawi Kumbarawa ||

41. nulya sinulêdan aglis | ing loji ingarah-arah |

--- 24 : 49 ---

prasamya rêmak kalihe | tan kenging piningkaliha | myang Kumba Anikumba | samya rêmak kalihipun | Ki Gunturgêni saksana ||

42. ingungêlakên siraglis | marang ing prajurit Cina | mungêl lambungipun jêbol | lir gêlap sasra swaranya | gonjing ingkang pratala | ron waringin kumarutug | pangnya sêmpal kaparapal ||

43. cumanthèl nginggil waringin | ingkang nulêd rambutira | miwah garan sêsulêde | wong Jawa kalawan Cina | pitulas kaplêsatan | kèndêl katur ing sang prabu | langkung wagugên ing driya ||

44. sigra matêdhani uning | ing radèn rêkyana patya | langkung ngungun ing jro tyase | nanging sinamur ing netya | sigra apêparentah | ngangsêg marang punggawagung | lan kinèn ngatos-atosa ||

45. kumpêni datan udani | yèn wong Jawa kasusahan | datan anggop mariyême | wadya Kartasura susah | dening mimis kèh tiba | ing pomahan myang kadhatun | obang-abing mimis sawat ||

46. sagung ingkang pra dipati | samya ngangsêg bitingira | prasamya mênêdi tembok | kang ajaga anèng luwang | nênggih kang kawuwusa | wontên Cina kapalayu | saking nagri Batawiyah ||

47. nanging wong Jawa tan uning | yèn Cina pêpalajêngan | Kapitan Panjang namane | praptèng nagri Kartasura | sêdya seba ing nata | bêbêktane Cina sèwu | sira Kapitan Sapanjang ||

48. marêk ing rahadèn patih | apan sampun têtabean | rêkyana patih dêlinge | sira saking [sa...]

--- 24 : 50 ---

[...king] Batawiyah | paran wartining kana | gonira andon apupuh | matur Kapitan Sapanjang ||

49. pan taksih rame ajurit | dèrèng wontên kang kasoran | marma kawula marene | anuwun idin ing nata | tuwin idi sampeyan | radèn patih ngandikarum | gampang mijil ing panêdya ||

193. Mijil

1. katêmu wuri wong jaluk idi | sêsukêring katong | pan ing kene iya maksih akèh | sêsukêr dalêm pan durung rêsik | rêsikana dhingin | Sapanjang umatur ||

2. yèn makatên ingkang karsa inggih | sampun walangatos | abdi dalêm Cina sadayane | awon pêjah wontên ing Batawi | pan langkung utami | pêjaha pukulun ||

3. wontên ngarsane ing sri bupati | ing ayahan katong | nanging lilah paduka samangke | amanggihi bôngsa kula dhingin | Cina kang wus lami | nèng ngriki pukulun ||

4. lèngsèr saking ngarsane dyan patih | kinèn amakuwon | pinrênah wetaning kadipatèn | ambèr mangetan ing Gumpang prapti | Sapanjang wus panggih | lan Êtik Ping Bulung ||

5. wau radèn rêkyana apatih | sowan mring kadhaton | ngaturakên Sapanjang praptane | myang aturira katur narpati | ngandika sang aji | amaringi sampun ||

6. Kapitan Sapanjang dèn timbali | pinanggihan ngregol | pinaringkên patêdhan sang rajèng | langkung dènira tarima kasih | tan sagêd mangsuli | pêjah gêsang katur ||

7. wus tinundhung ing rahadèn patih | kinèn amakuwon |

--- 24 : 51 ---

sapraptane wau ing pondhoke | wus binagi patêdhan narpati | yatra myang jêjarit | sadaya wus dinum ||

8. tan winarna dalu pêndhak enjing | prajurit Cinangrok | pun Kapitan Panjang sabalane | sowan marang rahadèn apatih | atabean sami | atata alungguh ||

9. pun Sapanjang anênuwun kardi | mênggahing palugon | rêkyana patih alon dêlinge | kayaparan rakiting ajurit | apa wis adadi | pikir lan bangsamu ||

10. pun Sapanjang aturira aris | inggih sampun dados | kula nuwun ing sampeyan mangke | lakar kang agêng-agêng lan bêsi | inggih yèn prayogi | kula damêl undhuk ||

11. undhuk punika kula sukani | galindhingan loro | pan wong Cina kang wontên jêrone | inggih sadaya cêlak ing loji | yèn sampun arampid | kula kèn angamuk ||

12. sawêdale saking undhuk sami | tumèmpèla banon | angrangsanga mènèk ing banone | angamuka lawan pêdhang abir | sarênga angrampid | dêdimène bingung ||

13. lawan malih kawula miyarsi | wong Cina kang wartos | ngajêng loji pan wontên borange | kang dinamêl borang lading gapit | pangot lawan sêking | inggih wartinipun ||

14. kula nuwun kula jalêr èstri | kang kathah lan kêbo | ngajêng undhuk punika ênggène | dimèn kêrah ngidak-idak sêking | borang lading gapit | dêdimène lêbur ||

15. angandika rahadèn apatih |

--- 24 : 52 ---

ya prayoga ingong | agawea undhuk dipun age | yèn wus dadi ngaturana uning | nuli sun paringi | jaran èstri jalu ||

16. gya Sapanjang mundur atur pamit | mantuk amakuwon | sira rahadyan patih nulyage | mundhut kayu mring wong Kalang prapti | kinèn maringnaglis | mring pakuwonipun ||

17. Sapanjang sigra kayu wus prapti | lakar myang galondhong | gya Sapanjang aswarèng balane | samya karya undhuk siyang latri | ganti kang winarni | nênggih kang winuwus ||

18. kang nèng jro loji wadya Kumpêni | katêndhagan uwos | langkung prihatin Kapitan Langpèl | agunêman lutnan sèkrêtaris | Kapil Pilêm nênggih | kapitan amuwus ||

19. kayaparan dayanira iki | batur wis kalêson | yèn awèta kinêpung mangkene | nora wande mati datan bukti | lan prang dudu tandhing | karubuhan gunung ||

20. Lutnan Kèlas alon anauri | tan sagêd miraos | ing ayuda dede sêsanggane | pikir punika kalih prakawis | pundi kang pinilih | urip lawan lampus ||

21. lamun tuwan amiliha mati | inggih sami mogok | linawanan aprang salamine | ajur luluh asampun gumingsir | lamun milih urip | dawêg sami nungkul ||

22. langkung dènnya wagugên ing galih | miyarsa wiraos | Lutnan Langpèl Kèlas ing rêmbuge | Kapitan Langpèl alon dènnyangling | sun atur kintaki | marang sang aprabu ||

23. wus dadya kang rêmbag atur tulis |

--- 24 : 53 ---

marang sang akatong | kuli-kuli wau kang kinèngkèn | ingopahan salawe wus prapti | bitinge wong Jawi | pan alampah pandung ||

24. kang surat inguncalkên jro biting | wangsulnya palayon | kawarnaa wau ing enjinge | kang ajaga biting aningali | layang gya ingambil | tinon lamatipun ||

25. badhe katur ing jêng sri bupati | sigra lampahnya wong | tur uninga ing dyan patih age | lamun wontên sêrate Kumpêni | lamatipun inggih | katur ing sang prabu ||

26. wus tinampan marang ing dyan patih | lamatira tinon | katur marang sang nata ungêle | sigra nuduh rahadèn apatih | marang ing jro puri | nyanthèlakên atur ||

27. mring Tumênggung Tirtawigunèki | katura sang katong | duta kapatihan ing lampahe | prapta ing srimanganti wus panggih | Tirtawigunèki | ponang surat katur ||

28. lajêng katur ing sri narapati | binuka winaos | aturipun pun Kapitan Langpèl | nuwun apuntên sri narapati | lan wontêna mugi | parentah sang prabu ||

29. marang sagung ingkang pra dipati | kang ngangsêg ing têmbok | lêlumbungan angrupaki bètèng | langkung miris kawula ningali | lawan kaping kalih | tur uningèng prabu ||

30. abdi dalêm Kumpêni tan bukti | kawula nuwun wos | inggih sampun alami towonge | sri narendra mèsêm amiyarsi | pinaringkên maring | Tirtawigunèku ||

31. kinèn ngangsul-angsuli tumuli | tur sêmbah [sê...]

--- 24 : 54 ---

[...mbah] kang kinon | saking jro puri prapta wêdale | nulya sêrat sul-angsul wus dadi | pinaringkên nuli | lan manggih rumuhun ||

32. kinèn balangna ngarsaning loji | lumêpas kang tinon | praptèng biting gya binalangake | tiba wontên sangarsaning loji | umiyat Kumpêni | binandhulan watu ||

33. winêdalan marang kuli-kuli | srat binêkta mring jro | sampun katur mring Kapitan Langpèl | juru basa pinanggil wus prapti | gya winaca aglis | bêbukaning têmbung ||

34. kapitan sira ngaturi tulis | wus katur maring ngong | sun kawruhi aturira kabèh | nanging mêngko ya wis nora kêni | sagung pra dipati | kabèh ing aturmu ||

35. wus mupakat wani ing Kumpêni | cape ana kono | pra dipati cape rinarèntèng | wite saking ing sira pribadi | kang agawe wani | mring punggawaningsun ||

36. langkung onêng kapitan miyarsi | luhira drês miyos | Lutnan Kèlas alon ing ature | adhuh sampun kêkathahên pikir | dawêg derah pati | yèn sêdya anungkul ||

37. sampun dadya rêmbag atur pati | urip mring sang katong | sigra dènnya amanggil Salomprèt | kang pinanggil prapta wus winêling | kinèn nuli kardi | kapitan amuwus ||

38. nuli ngadêgna bandera putih | panjêrên dèn katon | kang tinuduh sigra pangambile | wus pinanjêr sangajênging kori | wong kang anèng biting | kagyat samya dulu ||

39. aningali ing bandera putih | gumrah samya alok | kang satêngah [sa...]

--- 24 : 55 ---

[...têngah] surak rame-rame | ya ta kagyat kang bala Kumpêni | panyiptaning galih | dènyarsa anungkul ||

40. tan tinarima maring wong Jawi | prasamya mirantos | samya ngadhêpi ing mariyême | dangu-dangu wong Jawa inganti | tan wontên abêcik | kapitan amuwus ||

41. mara Salomprèt mêtua aglis | sigra dènnya miyos | awan sampun nêlas wêwêlinge | pan Salomprèt sarwi mrêbês mili | tan anyipta urip | praptèng biting sampun ||

42. wong Jawa kagyat samya umèksi | kang sawênèh alok | ana Walônda siji marene | payo kônca kinêpung tumuli | Salomprèt nauri | pan ingsun ingutus ||

43. seba marang rahadèn apatih | mring kapitan ingong | mara aturêna ingsun age | marêk ing radèn rêkyana patih | kang ngêpung nauri | wêdi gawa ingsun ||

44. yèn maksiha unjaran sirèki | yèn têmên kinongkon | ingsun bônda dhingin sira mangke | pan Salomprèt alon dènnya angling | bandanên sun iki | nanging tangan ingsun ||

45. aja sira talèni nangnèng. wuri | iya tangan ingong | talènana ana ngarêp bae | dimèn bisa manira wotsari | gya binônda aglis | astane nèng ngayun ||

46. wus binêkta sowan mring dyan patih | ingurung-urung wong | praptèng dalêm kapatihan age | katur marang ing rahadèn patih | sigra dèn panggihi | Salomprèt umatur || [|...]

--- 24 : 56 ---

[...|]

47. andharodhog sarwi brêbês mili | timpuh sarwi dhepok | mêgap-mêgap asungsun sêmbahe | kula ingutus abdinta gusti | pun kapitan nênggih | saha Kumpninipun ||

48. arsa ngaturakên pati urip | dhumatêng sang katong | tuwin dhatêng ing sampèyan mangke | angandika rahadèn apatih | antènana dhingin | ingsun canthèl atur ||

49. gya winêling kang duta lumaris | prapta srimêngantos | panggih lawan Tirtawigunane | sampun katur saature nguni | ingaturkên aglis | dhumatêng sang prabu ||

50. aturira rêkyana apatih | ngandika sang katong | ya warahên si paman dèn age | môngsa bodhoa gone amikir | wus pracaya mami | nanging ta dèn emut ||

51. bokmanawa gunaning Kumpêni | amasang pirantos | kang dinuta sigra dènnya lèngsèr | sapraptanira ing srimanganti | wau duta panggih | dhinawuhan sampun ||

52. sigra mêsat duta patih prapti | kapatihan kang wong | timbalan nata dhinawuhake | angandika rahadèn apatih | Salomprèt dèn aglis | muliha sirèku ||

53. warahên kapitanira mangkin | timbalan sang katong | lamun nyata abêkti dhèwèke | lan Kumpêni atur pati urip | mring jêng sri bupati | besuk pukul pitu ||

54. ya mêtua saking jroning loji | aywana parabot | pêdhang bêdhil dèn bongkoka kabeh | pun Salomprèt gugup awotsari | saking

--- 24 : 57 ---

ngarsa patih | lèngsèr amit mantuk ||

55. gurawalan prapta ngarsèng loji | Kumpêni samyanon | ing praptane wau pun Salomprèt | nuli Salomprèt winêngan kori | ngarsanya wus prapti | kapitan amuwus ||

56. salamêt Salomprèt sira prapti | tan ana kadudon | pun Salomprèt alon ing ature | inggih timbalan rêkyana patih | warahên dèn aglis | ya kapitanamu ||

57. lamun tulus ngaturakên bêkti | marang ing sang katong | apadene saha Kumpênine | ambongkoka pêdhang lawan bêdhil | mêtua ing benjing | wayah pukul pitu ||

58. dènnya amêmpên aprang ing nguni | aprang biting tembok | pan wus salawe dina lamine | wêdalira dina Rêbo Manis | panganira ênting | wus salawe dalu ||

59. Kapitan Langpèl miyarsa angling | sigra dènnya naros | Lutnan Pèl-pèl Kèlas ing ature | inggih sampun kêkathahên pikir | aran sêdya ngabdi | suwawi tur madu ||

194. Dhandhanggula

1. Kapitan Langpèl sigra ngundhangi | marang sagunging Kumpêninira | ambongkok pêdhang bêdhile | lawan sakèhing dhuwung | bandhangane kang bêdhah loji | mantri lawan punggawa | kinumpulkên sampun | dinadosakên sawadhah | munggèng pêthi ing dalu datan winarni | ya ta wuwusên enjing ||

2. wus parentah rahadèn apatih | marma Radèn Arya Pringgalaya | prakawis Kapitan [Kapita...]

--- 24 : 58 ---

[...n] Langpèl | myang Kumpêni sadarum | lamun mêdal kinèn manggihi | Kumpêni kawarnaa | wanci pukul pitu | mêdal sadaya pan aglar | samya bukak tapiyan nèng ngarsa aji | saha bongkokanira ||

3. katingalan ingkang jaga biting | sira wau Radèn Pringgalaya | anuduh marang dutane | kinèn nimbali gupuh | marang sagung bala Kumpêni | kang tinimbalan sigra | wau lampahipun | dene cacahe sadaya | pan kalima bêlah cacahing Kumpêni | prapta ing ngarsanira ||

4. Arya Pringgalaya wus pêpanggih | lutnan kapitan atêtabean | akucêm paraupane | myang sèkrêtarisipun | samya nêmbah langkung mintasih | sira ya Pringgalaya | alon dènnya muwus | sira antia sakêdhap | maniratur uninga radèn apatih | nuhun ingkang parentah ||

5. duta mêsat tan adangu prapti | ingkang timbalan rahadèn apatya |Lebih satu suku kata: ingkang timbalan rahadèn apatya. kinèn ngêdum sadayane | mung si kapitan iku | radèn arya parentah mami | dika ingkang gadhuha | Lutnan Pèl-pèl iku | si kakang Tirtawiguna | sèkrêtirissèkrêtaris. iya kakang Rajaniti | iku ingkang gadhuha ||

6. dene sagung kang wadya Kumpêni | dèn warisna sagung kang punggawa | anulya dhinawuhake | iki timbalanipun | kinèn ngêdum bala Kumpêni | kapitan aturira | tan lêngganèng kayun | sanajan dèn pêjahana | pan sumôngga tan angraos darbe urip | pêjah gêsang katura ||

7. balik badan kawula [ka...]

--- 24 : 59 ---

[...wula] puniki | wontên sintên ingkang anggadhuha | Rahadèn Priggalayane | alon dènira muwus | dika wontên kula pribadi | dene si bapa Lutnan | Pèl-pèl ênggènipun | ing paman Tirtawiguna | sèkrêtaris wontên paman Rajaniti | puniku kang timbalan ||

8. dene Kumpêni kang alit-alit | dinum marang sagunging punggawa | nulya kapitan angawe | marang Kumpêninipun | pan sadaya wus praptèng ngarsi | sèkrêtaris turira | kawulasung wêruh | dhuwunge kang pra dipatya | tuwin mantri kang sami tiwas nèng loji | punika karawatan ||

9. Radèn Arya Pringgalaya angling | yèn mangkana maniratur wikan | kang duta lumaksanage | prapta ing ngarsanipun | sira radèn rêkyana patih | katur saaturira | radèn patih muwus | iya sun atur uninga | antènana wus mêsat kang dinutaglis | prapta sajroning pura ||

10. panggih lawan Tirtawigunèki | lajêng katur ing jêng sri narendra | sigra animbali age | Ki Arya Madurèku | kinèn ngirid ing sèkrêtaris | lan kinèn maspadakna | ing jro lojinipun | bok Kumpêni masang gêlar | mêndhêm guna gya Ki Arya Madurèki | mêdal saking jro pura ||

11. mêdal panggih lawan sèkrêtaris | gya ingirid mring loji mariksa | bok ana miranti glare | lawan amundhut dhuwung | sapraptane wau jro loji | sira Arya Madura | kanan keri dulu | datan wontên paran-paran |

--- 24 : 60 ---

wus ingambil dhuwung kang wontên ing pêthi | katur Arya Madura ||

12. nulya nulak praptaning jro puri | lampahira Ki Arya Madura | wus katur sang nata kabèh | solahira ingutus | dhuwung katur marang sang aji | loji wus kinèn ngrêksa | marang punggawagung | antawise tigang dina | sri narendra têdhak pan arsa udani | gumrah kang balakuswa ||

13. pukul tiga pêpak kang wadyalit | myang punggawa santana pêpakan | wong Cina tata barise | wadyabala supênuh | kang jajaran kapang miranti | busana warna-warna | gumrah ngalun-alun | barise lêlurung tembak | anglir sêkar sataman dinulu asri | punggawa ting prangangah ||

14. umyang kêkênthung Cina gong bèri | anglir macan kang binabasahan | wong Cina saking berage | gya miyos sang aprabu | nitih kuda cahyanya wêning | gumêrah wadyabala | ing loji gya rawuh | lajêng lumêbêt sang nata | ing jro loji pra punggawa datan kari | santana kantun jaba ||

15. sarawuhe sang nata ing loji | akathah-kathah ingkang pinriksa | loji ingubêngan kabeh | kathah ingkang dinangu | tiningalan dening narpati | pasang myang rakitira | eram sang aprabu | loji nulya kinèn bubrah | lêlarene sadaya kinèn ngurugi | nulya kinèn ngusunga ||

16. tan adangu kondur sri bupati | sampun dalu rawuh ing kadhatyan | pra nayaka bubar kabèh | warnanên enjingipun | donya ngloji wus [wu...]

--- 24 : 61 ---

[...s] dèn usungi | kacatur tigang dina | dènnya ngusung-usung | rajabrana warna-warna | mas salaka reyal uwang myang kêkêling | apa kang nora ana ||

17. kawan atus sênapan Kumpêni | langkung pitulas katur ing nata | tigar mariyêm pan akèh | obate kathahipun | êtong satus sawidak siji | kang pangandika nata | donya kinèn ngêdum | mring wadya dinum warata | amung radèn apatih kang datan apti | donya ngloji jarahan ||

18. datan arsa kaduman Walandi | sira Rahadèn Natakusuma | sampun kawaratan kabèh | Kumpêni kang anungkul | pan sadaya kinèn nyunati | lan winuruk agama | salin nabinipun | mangkana ingkang kocapa | kang tinilar pangeran arya rumiyin | kang dadya punakawan ||

19. ingkang nama Radèn Êmas Sahid | Radèn Mas Ambiya Dèn Mas Sabar | sampun agêng katigane | pangandikaning prabu | samya kinèn basahan sami | tinunggal pagandhèkan | mantri nom ranipun | sarta kaparingan nama | kang atuwa rahadèn ingkang wêwangi | Radèn Suryakusuma ||

20. Radèn Mas Ambiya kang wêwangi | nama Rahadèn Martakusuma | Dènmas Sabar wêwangine | Wiryakusuma iku | sabin sami dipun paringi | nyalawe cacahira | sèkêt ingkang sêpuh | mantri anom pagandhèkan | radèn tiga kirang nyandhang kirang bukti | langkung dening musakat ||

21. angur kang sêpuh nandhang sadhidhiksakêdhik. | saking barkating ibu lan rama | kang rayi-rayi kalihe | tan cukup dhaharipun | tan kawawi [ka...]

--- 24 : 62 ---

[...wawi] anandhang kalih | saking musakatira | langkung kawlasayun | gênti ingkang kawuwusa | pan Kumêndur Natanahil ing Samawis | sampun atur uninga ||

22. marang Gurnadur Jendral Batawi | lamun sang nata têtulung Cina | kang duta lumaksanage | datan kawarnèng laut | praptanira nagri Batawi | tumanduk ponang duta | katur suratipun | sampunya amaos surat | samya ngungun Rad pan Indiya miyarsi | miwah gurnadur jendral ||

23. ambicara sagunging radpêni | sawusira dadya aputusan | ambantoni ing yudane | de nata kang tinuduh | Komasaris Johan Mantèling | lan komasaris tuwa | nênggih namanipun | Hugupêrisêl punika | kalih samya tinuduh bantu ngajurit | dhatêng nagri Samarang ||

24. gangsal atus Kumpêni dèn irid | pan kajawi Kumpêni kang Islam | Ambon Makasar Tarnite | sadaya dadya sèwu | wong Makasar ingkang nindhihi | aran Dhaèng Mabelah | lawan malihipun | Dhaeng Kulalah lan Ngusman | wus sayaga badhe numpak ing jaladri | ganti kang kawuwusa ||

151. Adipati Jayaningrat sèlèh kalênggahan lajêng paring pêpèngêt dhatêng putra mantu nama Radèn Supama. Pêpêrangan ing Samarang

25. sira radèn rêkyana apatih | wus amatah sagunging punggawa | pasisir bantu yudane | dene ta kang tinuduh | angêpunga loji Samawis | ing Batang Pakalongan | Kêndhal Kaliwungu |

--- 24 : 63 ---

ing Dêmak lan Garobogan | ing Barêbês Pamalang ngêpung ing Têgil | dene loji Japara ||

26. pan ing Kudus kalawan ing Pathi | loji Rêmbang Lasêm Pajangkungan | Juwana tinuduh prange | punggawa Surèngkewuh | binubarkên saking Samawis | pan kinèn anggêcêka | loji Surèngkewuh | akanthi Grêsik Lamongan | pan ing Tuban Sidayu samya ambalik | tumut marang Madura ||

27. ing Samarang andina ajurit | long-linongan Kumpêni kasoran | amêmpên ing loji bae | radèn patih amuwus | sowan marang sajroning puri | apan atur uninga | ing pandhongkolipun | Adipati Jayaningrat | asangadi sakit yèn lêga sang aji | kenginga mantunira ||

28. Radèn Sumadiwirya kang nami | sutanira rahadèn apatya | sang nata lêga manahe | lan malih aturipun | sira radèn rêkyana patih | kapitan lawan lutnan | sèkrêtarisipun | suwawi pinêjahana | bokmanawi punika amangun pikir | dadya sandi upaya ||

29. sri narendra apan anuruti | ing ature rahadèn apatya | wus mêdal saking purane | dhinawuhakên sampun | yèn kapitan kinèn mêjahi | sèkrêtaris myang lutnan | pinêjahan sampun | mung lutnan tan pinêjahan | pun Kapitan Pringgalaya kang mêjahi | kali Pepe samana ||

30. sakalangkung mêmêlas duk mati | Kapitan Langpèl pan sampun pêjah | dene ta sèkrêtarise | Rajaniti kang nglampus |

--- 24 : 64 ---

nora pasah dipun pênthungi | kalangkung amêmêlas | ya ta kang winuwus | sira Kapitan Sapanjang | tinimbalan ing radèn rêkyana patih | prapta wus têtabean ||

31. dhinawuhan sayaga ngajurit | ambantua kang aprang Samarang | wong Cina kêrigên kabèh | dene kanthinirèku | sri narèndra amatêdhani | anindhihi ing sira | punggawa pêpitu | Kapitan Panjang sandika | sampun siyang sawadya pantara ratri | rêmak dipun bandhêmna ||

32. bupati jawi wus dèn undhangi | kinèn samya sayagèng ayuda | tan kawarna ing enjinge | ing dina Somanipun | sri narendra miyos tinangkil | pan arsa umiyata | ing wadya kang nglurug | kang abantu ing Samarang | pêpak andhèr kang sewakèng pôncaniti | santana myang dipatya ||

33. tuwin punggawa kang bantu jurit | sampun saos munggèng panangkilan | kalawan sagêgamane | myang Cina sadayèku | aglar munggèng ing pôncaniti | saha busanèng yuda | sèwu gangsal atus | dening wadyaning punggawa | pan akathah nèng alun-alun abaris | busana warna-warna ||

34. lir rinêngga busananing baris | pating prangangah prajuritira | duk samana pamêpêke | wong Kartasura agung | ingkang samya nglurug anangkil | sadaya ingandikan | minggah sitiluhur | miwah Kapitan Sapanjang | angandika sang nata majua ganti | majêng tilar curiga ||

35. samya nêmbah mangaras padaji | miwah Sapanjang amit [a...]

--- 24 : 65 ---

[...mit] tur sêmbah | budhal saha gêgamane | ingkang minôngka ngayun | Ki Tumênggung Mangkuyudèki | lan Radèn Mangkupraja | nulya kang sumambung | Tumênggung Mangunnagara | lan dèn Singaranu ingkang anambungi | abra kang balakuswa ||

36. nulya Tumênggung Wiragunèki | saha bala asri warna-warna | Radèn Wiryadiningrate | ingkang nindhihi pungkur | atmajane radèn apatih | pun kinarya punggawa | anggêntosi lungguh | Tumênggung Kartanagara | ing wurine Radèn Mlayakusumèki | wadya lir puspitabra ||

37. nulya Radèn Sujanapurèki | pan kaipe mring sang naradipa | ingkang kinarya êmbane | pangeran dipatyèku | pan tinêdha mring radyan patih | kinarya matapita | pamugarinipun | pinitêdhan ngayomana | bumi urut dalan kang milyèng Samawis | Radèn Sujanapura ||

38. putranira rahadèn apatih | Radèn Sumadiwirya Mas Pama | sinarêngakên lampahe | kang badhe apilungguh | Pakalongan nama dipati | Dipati Jayaningrat | nawalane sinung | budhale wuri gènira | binêktanan pamomonge ramanèki | Mangunonêng punika ||

39. nulya Sapanjang lumakwèng wuri | pan anggamêng kang prajurit Cina | datan kasêlan lakune | ing marga tan winuwus | praptanirèng nagri Samawis | atata pamondhokan | nêpungi gènipun | barise kang pra dipatya | ing pasisir suka ingkang pra dipati | dene bantune prapta ||

40. Radèn Tumênggung Mangkuprajèki |

--- 24 : 66 ---

lawan Arya Malayakusuma | miwah Sumadiwiryane | marang pakuwonipun | Jayaningrat panggih wus sakit | prapta tata alênggah | dhinawuhan sampun | ing timbalan sri narendra | Arya Mlayakusuma ingkang dhawuhi | hèh paman adipatya ||

41. tinarima ing gusti sang aji | dika sèrèn ing putra andika | lah punika nawalane | Jayaningrat andhêku | inggih radèn kula puniki | angraos sampun tuwa | kathah sakitipun | sampun winaos kang palkat | Radèn Pama umadêg nama dipati | Dipati Jayaningrat ||

42. anêtêpi anyenapatèni | pra dipati pasisir pangiwa | kadya duk maratuwane | punggawa kalih sampun | bubar maring pakuwon sami | tan kantun Dèn Supama | lan martuwanipun | pinêpak wong Pakalongan | para mantri pêpatihe ingkang ngirid | Rôngga Puspawijaya ||

43. sèwu kawan atus kang prajurit | wong maranggo numbak mamas benang | kajawi para mantrine | lan astha manggalèku | mantri ngarêp wong wolu sami | angrèh mantri sadasa | têtêp sadayèku | tan ana kang ingowahan | sarupane wong Pakalongan gêng alit | suyud datan sumêlang ||

44. bêkta saking ing Kartasurèki | pitung dasa Mangunonêng ingkang | ambaboni gêgawane | ingalih namanipun | nama Rônggapramana nênggih | angêmpal pamajêgan | ingkang wolung atus | Mangunonêng pinaringan | sakancane gêgawan [gêgawa...]

--- 24 : 67 ---

[...n] sampun waradin | Lurah Rônggapramana ||

45. pêpatihe Pakalongan lami | têtanduran saking Kartasura | lan dipati nak-sanake | lan Ki Dhongkol puniku | Rôngga Puspawijaya maksih | angrèh ing Pakalongan | mangkana ing dalu | sasêpèn apagunêman | Ki Dipati Dhongkol apan mituturi | mring putra mantunira ||

46. kang angadhêp mung êmbane siji | Mangunonêng ran Rônggapramana | dhuh anggèr sampun gumluwèh | abot wêkasanipun | lêlakone ing tanah Jawi | kula wani ambuka | sampun wontên ngrungu | jêng anggèr rama andika | kapatihan wong Jawa pating kuthikir | ginêm ngiras ngrêrujag ||

47. anggèr dèn awas angati-ati | kula pasrah sanak-sanak dika | dadia pangaubane | inggih lêlakonipun | tanah Jawa lamun binudi | budi tan ngayawara | pêpathoking ngèlmu | kang kocap ing dalêm kitab | miwah kadis tan wontên wong mênang jurit | yèn wit anganiaya ||

48. dèrèng wontên dosaning Kumpêni | pan mungsuhe tan kinarya dosa | têka binadhagal bae | wong Cina kang kinukup | apan dèrèng apotang kardi | dhasar kapir brahala | wong Cina puniku | wong Kumpêni kapir rowang | dèn sikara ing dosa dèrèng marêngi | wontên kisabing Suksma ||

49. lah puniku nuntên amuwuhi | pangran ing Selong sakadangira | dèrèng sumêrêp dosane | punapa ta puniku | botên wontên [wontê...]

--- 24 : 68 ---

[...n] walêsing Widi | kocap anèng bab kojah | pasthi walêsipun | singa-singa nganiaya | tikêl satus nampani wêwêlas pasthi | wong Jawa karusakan ||

50. yêkti lamun kasoran ing jurit | wong niaya satruning Hyang Suksma | mênanga sêdhela bae | botên ngêtog wong dhawuk | mrih pratikêl botên nibani | sikara nganiaya | wontên pamanipun | kang luput saking walêsan | botên numpang anêrak ing dalil kadis | inggih ajêng punapa ||

51. singa ingkang tinari sang aji | lali ratune maksih manungsa | tur ta maksih kawulane | maring Hyang Maha Luhur | dudu nabi lan dudu wali | besuk rama andika | ki lurah ta besuk | anggèr pangrasa kawula | kadi tiwas mung dika dèn ngati-ati | dèn awas dèn amawas ||

52. kêmbang sungsang tanah Jawi benjing | sarwi kumêmbêng ki adipatya | sambat awlas ing ratune | kang cinathêtan ing buk | ping sawêlas sri narapati | natrapakênmatrapakên. dêdosan | kang dèrèng sumurup | kang badhe kêna walêsan | marmaningsun ngurmati kang para sayid | supaya katulaka ||

53. ing lupute iya ratu mami | mangke puniki sampun kêkêmbang | mêngakakên pamalêse | akathah yèn winuwus | pituture ki adipati | wusnya rahina dandan | ki dipati mantuk | andhongkol ing Pakalongan | ingkang putra angatêr budhalirèki | wangsul ing Karanganyar ||

54. dhusun Kaliwungu dèn sipêngi | Kêdhungrombong [Kê...]

--- 24 : 69 ---

[...dhungrombong] sadalu tan nendra | sakit kagagas driyane | dadya tyasira nglalu | merang lamun maksiha urip | tiwase tanah Jawa | kapêsan ing ratu | aywa mênangi wak ingwang | ngunjuk wisa ing dalu lajêng ngêmasi | Dipati Jayaningrat ||

55. ingkang putra Radèn Adipati | Jayaningrat ingaturan wikan | dalu-dalu panyandêre | prapta gènira lampus | ngungun nangis wus dèn sirami | lajêng kinèn ambêkta | mring nagarinipun | pinêtak ing Pakalongan | ki dipati mudha amangsuli baris | Samarang tata-tata ||

56. Kapitan Singsèh dènnya abaris | wus angrupak anèng ing Tarbaya | Martapura têtindhihe | Sapanjang Sabukalu | Mangkuyuda ingkang nindhihi | banjêng pakuwonira | akapang akêpung | wus maju ingkang pragota | RarènRadèn. Arya Mlayakusuma lan malih | Radèn Wiryadiningrat ||

57. ing Pangambêngan dènnya bêbiting | ganti wau ingkang kawuwusa | Kumpêni prapta bantune | wus mêntas saking laut | Komasaris Johan Mantèling | Hugupêrisêl lawan | wadya gangsal atus | Bugis Ambon lan Makasar | lan Tarnite gangsal atus praptèng loji | kumêndur trusthèng driya ||

58. sawusing antara tigang ratri | wadya Kumpêni anglarag mêdal | anêpungi bitingane | nêngguh pan Sabukalu | lan Tumênggung Mangkuyudèki | Kumpêni tan rêringa | tate angsal buru | duk aprang lawan Sapanjang | nèng Batawi ing mangkya tangkêbing [tangkê...]

--- 24 : 70 ---

[...bing] jurit | tan mawi taha-taha ||

59. rame campuh pan bêdhil-binêdhil | wadya Kumpêni samya angrangsang | pun Sabukalu nulyage | lawan Radèn Tumênggung | Mangkuyuda samya nadhahi | ing mriyêm kalantaka | anglir prawatarum | wadya Kumpêni kèh pêjah | Sabukalu sigra dènira ngudhuni | lawan sabalanira ||

60. pan ingamuk lawan pêdhang abir | rusak wadya Kumpêni lumajar | kabutuh anèng ing lèpèn | prajurit Cina anglud | wong Kumpêni kathah ngêmasi | pêjah kang sangang dasa | ing sakancanipun | ngungsi jro loji prasamya | Walônda kang anèng jro loji anuli | mriyêm ing palataran ||

61. Sabukalu asuwarèng dasih | samya mundur kang prajurit Cina | sarêng prapta pakuwone | akasukan sadalu | wong Kumpêni lami tan mijil | antara pitung dina | anglarag mangidul | anulya gepak mangetan | barisira Kapitan Singsèh ginitik | lan Radèn Martapura ||

62. campuh ing prang abêdhil-binêdhil | Martapura anindhihi Cina | lan Ngabèi Tarbayane | Kumpêni tan kaburu | kang kacandhak kathah ngêmasi | praptèng jro loji samya | tinulungan sampun | ing mriyêm sing palataran | wadya Cina mundur amakuwon malih | lan Radèn Martapura ||

63. miris kêkês prajurit Kumpêni | pan alami botên mêdal-mêdal | amêmpên ing loji age | ganti ingkang winuwus | Martayuda trahing Samawis | ngantukkên mring

--- 24 : 71 ---

Samarang | lawan sutanipun | gangsal ingkang sami priya | dèn misuwurakên santana Matawis | kang wontên ing Pulokap ||

64. yèn anglarag punika nindhihi | songsong kuning dadya sami rungak | wong Jawa myang sawarnine | Kumpêni analimur | Rôngga Tisnawijaya nênggih | Kumpêni duk samana | anglarag mangidul | wanci ing pukul sakawan | biting ing Pangambêngan ingkang ginitik | Radèn Mlayakusuma ||

65. samya nendra ingkang ngrêksa biting | tan uninga yèn Kumpêni prapta | gugup saking pangêdrèle | gundam samya lumayu | rêrêksane datan tinolih | mariyêm kang kagungan- | nira sang aprabu | Rahadèn Mlayakusuma | kang anggadhuh wus binandhang ing Kumpêni | gègèr ing pamondhokan ||

66. nulya mundur kang bala Kumpêni | sarya bêkta mariyêm bandhangan | samana sanès tangkêbe | dene wus angsal buru | sabên dènnya nglanggar mêdali | mariyêm palayangan | kang binêkta magut | sinèrèt dening turôngga | pira-pira mariyêm binêktèng jurit | Cina asring kasoran ||

67. Radèn Arya Mlayakusumaglis | lawan Rahadèn Wiryadiningrat | rêmbag atur uning age | mariyêm tiwasipun | pan kabandhang marang Kumpêni | lawan atur uninga | Cina tandangipun | mangkya kadya gêgotongan | lan wong Jawa datan angrasa ngawaki | duta wus lumaksana ||

68. tan winarna ing marga wus prapti | nagri Kartasura ponang duta | tumamèng ngabyantarage | ing radèn [radè...]

--- 24 : 72 ---

[...n] patih katur | sêratira saking Samawis | winaos wus kadriya | samana angungun | asmu duka tanpa ingan | ingangsulan kang duta tinulak bali | mundhi surat apatya ||

69. enggal lampahe praptèng Samawis | katur ing Radèn Mlayakusuma | Radèn Wiryadiningrate | atampi sêrat sampun | gya binuka rahadèn kalih | bêbukane kang salam | sira kalih sung wruh | kagungan dalêm kabandhang | mariyême nuli rêbutên tumuli | yèn katura dinukan ||

70. lawan sapa kang angrêbut malih | ingsun ganjar limang atus reyal | kalawan sira malihe | atur paksi maringsun | yèn wong Cina tindak ing mangkin | ing aprang gêgotongan | tan ngrasa katêmpuh | bênêr akale wong Cina | sira iku pan sami angalakoni | parentahing narendra ||

71. dene têka padha ngiring-iring | mring wong Cina apan iku iya | nora karuwan jamane | pan ora mangkonèku | wong nglakoni karyèng narpati | kaya dudu punggawa | pikirira iku | munduran kaya wong rucah | radèn kalih miyarsa kalangkung ajrih | gya parentah ing wadya ||

72. samya kinèn ngangsêgakên biting | lan angrêbat mriyêm kang kabandhang | wadyalit gugup tandange | Dyan Sujanapurèku | kang nindhihi angangsêg biting | lawan kaliwonira | Rahadèn Tumênggung | Wiryadiningrat kang nama | Angabèi Wiradigda lawan malih | Ngabèi Rêksapraja ||

73. lêlumbungan dè binêkta manjing | kang wadyalit anulya

--- 24 : 73 ---

sinipat | ing mariyêm sèrèdane | tan kandhêg ajunipun | pan arame bêdhil-binêdhil | wong cilik kathah pêjah | tuwin ingkang tatu | nanging dèn idak kewala | ingkang para kaliwon samya nindhihi | miwah punggawanira ||

74. prajurit Cina samya nimbangi | ingkang kilèn miwah ingkang wetan | apan parêng pangangsêge | sarêng dènnya wus kêmput | wong Kumpêni tan amêdali | nanging abêbêdhilan | mriyêm siyang dalu | gantya ingkang kawuwusa | Ki Mataun Tumênggung Jipang tur uning | yèn bala ing Madura ||

152. Wadya Kartasura campuh kalihan wadya Madura

75. samya nabrang dhatêng ing Garêsik | nagri Tuban sampun tinanêman | Dipasana kang ginawe | dene bupatinipun | Suraadiningrat kang nami | tumpês anèng jro kitha | tinukup ing dalu | mangkya kang wadya Madura | nèng Sidayu gènira apacak baris | kanan keri binahak ||

76. saking Sidayu budhal kang baris | sêdya ngrabasèng kitha ing Jipang | anggêgilani tandange | ingkang katrajang gêmpur | padhusunan ing Jipang prapti | wadyèng Sampang bêbahak | dhusun Majaranu | duta praptèng Kartasura | gya tumamèng ngabyantara sira patih | katur kang ponang surat ||

77. tinupiksa ing radèn apatih | lajêng katur ing sri naradipa | Tumênggung [Tu...]

--- 24 : 74 ---

[...mênggung] Mataun srate | ngandika sang aprabu | ing rahadèn rêkyana patih | hèh paman kayaparan | rèhira ing kewuh | umatur rêkyana patya | inggih awrat yèn mênggah kawula gusti | dene kang saking wetan ||

78. pun Madura èsmu makèwêdi | ing Samawis abdi dalêm rusak | asring kasoran yudane | pun Cina botên urus | angandika sri narapati | prakara ingkang wetan | paman lamun mêtu | ing pikire Cakraningrat | kêkêjêra paman ora dadi pikir | ingsun kaduga nambak ||

79. mung kang êlor pikirên dèn bêcik | rêmbugana lan Tirtawiguna | lawan Si Pringgalayane | sampun tinundhung mêtu | sira radèn rêkyana patih | sapraptanirèng jaba | animbali gupuh | ing Rahadèn Pringgalaya | lan Tumênggung Tirtawiguna wus prapti | ing dalêm kapatihan ||

80. angandika rahadèn apatih | kadipundi kang Tirtawiguna | myang anak Pringgalayane | timbalane sang prabu | samya kinèn mikir kang bêcik | pasanging lêlampahan | kaledhon ing kewuh | yèn tumrapa wong asalat | iman amin makmume alon tan amin | pan inggih pun Madura ||

81. mangkya kakang ngrêrubêdi pikir | sira Tumênggung Tirtawiguna | môngsa borong ing ature | tan sagêd urun wudhu | miwah Arya Pringgalayèki | radèn patih ngandika | sami dika mantuk | nèng ngriki asil punapa | dhêlêg-dhêlêg karo tan kêna tinari | mundur nusahi manah ||

--- 24 : 75 ---

195. Durma

1. sira Tirtawiguna lan Pringgalaya | undure asmu runtik | rahadèn apatya | langkung kaku tyasira | nimbali môncanagari | pan sampun prapta | ngarsane kyana patih ||

2. sigra radèn apatih apêparentah | mring wong môncanagari | pangiwa sadaya | Rahadèn Surabrata | kinèn abantu ajurit | marang ing Jipang | budhal saking nagari ||

3. nanging mantuk rumiyin Ki Surabrata | angêrig kang wadyalit | sapanêkarira | samya angêrig bala | kunêng kawuwusa malih | Tumênggung Jipang | ayun-ayunan jurit ||

4. wadya Jipang dèrèng samêkta sadaya | kasêlak mungsuh prapti | bala ing Madura | sampun angrampit kitha | Tumênggung Mataun nênggih | sawadyanira | rêmbug samya ngoncati ||

5. ngungsi marang Balora anata bala | Tumênggung Balorèki | punika dinuta | angêrig wadya Cina | kang anèng tanah pasisir | ingkang bang wetan | sadaya sami prapti ||

6. samya ngumpul anèng nagari Balora | lêlurah rôngga êlik | lawan pun Êncik Mas | Êncik Co Êncik Sika | lawan malih pun Cik Putih | panglêmpakira | sangang atus prajurit ||

7. myang punggawa môncanagara kang kanan | sadaya sampun prapti | anèng ing Balora | Kyai Mataun sigra | budhal sawadya angiring | saking Balora | wong Cina pan umiring ||

8. tan winarna Balora wus praptèng Jipang | wong Sampang angêbyuki | anèng kitha Jipang | sampun [sa...]

--- 24 : 76 ---

[...mpun] miyarsa warta | yèn Kyai Mataun prapti | lorod sadaya | mring jawi kitha têbih ||

9. anèng dhusun Pamêlaran kèndêlira | wong Madura bêbiting | Radèn Kartayuda | lawan Lêbusagara | têtiga Rahadèn Giri | têtindhihira | sêdya rêmpon ing biting ||

10. Kya Tumênggung Mataun anglud ing mêngsah | nèng Pakacangan baris | kang prajurit Cina | matur arsa gitika | mring wong Madura ing wêngi | anuwun bala | mantri kang têdah margi ||

11. pan kasaru duta wau ingkang prapta | saking ing radèn patih | maringakên sira | nêngguh Surawikrama | wong saking Sidayu nguni | kinèn nanêma | mring Sidayu nagari ||

12. lawan ingkang timbalan radèn apatya | kinèn ngrêbat tumuli | lawan ing Lamongan | Sidayu lawan Tuban | Tumênggung Mataun nênggih | matur sandika | duta wus pamit mulih ||

13. sira Ngabèi Tohjaya ing Lamongan | mring Ki Mataun amit | arsa angrêbata | nagari ing Lamongan | nanging sêdya aprang sandi | nungkul gêlarnya | rabine ki ngabèi ||

14. lan sutane ginawa mring wong Madura | duk kacandhak rumiyin | apan kang timbalan | Pangeran Cakraningrat | Ki Tohjaya kinèn amrih | dadia rowang | marma dipun tênggani ||

15. sampun mangkat sira Ngabèi Tohjaya | saking Jipang nagari | ya ta kawarnaa | wau prajurit Cina | dènira mangkat ing wêngi | wus kinanthenan | mring Ki Mataun mantri ||

16. ing Balora mantri tinuduh ngirida | lan wong Sidayu nênggih |

--- 24 : 77 ---

ingkang sami trêsna | marang Surawikrama | pan akathah ingkang prapti | samya kinarya | cucuk atêdah margi ||

17. sangang atus wau kang prajurit Cina | sarêng budhal ing wêngi | lan Mantri Balora | Sidayu munggèng ngarsa | kêkapalan gangsal biting | pan sampun prapta | desa Mêlaran enjing ||

18. lajêng nêmpuh wong Cina ing pabitingan | rame dènnya bêdhili | saking katêbihan | wadyèng Madura mêdal | kalih èwu winitawis | arêbat papan | wong Cina ambêdhili ||

19. sigra nêmpuh wadyabala ing Madura | nusup kukusing bêdhil | myang prajurit Cina | parêng panêmpuhira | ngamuk lawan pêdhang abir | wong Sampang panggah | rame rok silih ungkih ||

20. kuwêl ing prang tumbak têmpuh lawan pêdhang | kapanggih padha wani | caruk kang ayudha | samya ulêng-ulêngan | wadyèng Madura angungkih | prajurit Cina | panggah datan gumingsir ||

21. Ki Tumênggung Mataun sabalanira | myarsa swaraning bêdhil | budhal saha bala | arsa têtulung Cina | sagung punggawa tan kari | ingkang ayuda | maksih ungkih-ingungkih ||

22. rôngga lawan Êncik Putih lan Êncik Mas | kang ngamuk mobat-mabit | wadya ing Madura | sampun kathah kang pêjah | tigang atus winitawis | prajurit Cina | rongatus kang ngêmasi ||

23. samya sayah wong Cina mundur lon-lonan | wadya Madura ngusir | apan katadhahan | Kyai Mataun prapta | wadya Madura kalindhih | ing yudanira | lumayu

--- 24 : 78 ---

ngungsi biting ||

24. kathah pêjah ngêlud kang prajurit Cina | myang wong môncanagari | lorod asauran | atilar pabitingan | Nglamongan sêdya dèn ungsi | gununganira | anèng Lamongan baris ||

25. kawarnaa sira Ngabèi Tohjaya | ing Lamongan wus prapti | ambêkta bongkokan | katur mring wong Madura | prasamya suka ing galih | dene Tohjaya | nungkul tur pati urip ||

26. pangrasane sayêkti panungkulira | tan nyana lamun gêndhing | sigra tinimbalan | sira Kyai Tohjaya | prapta pan sampun apanggih | lan wong Madura | prapta pasêban jawi ||

27. sampunira lênggah Ngabèi Tohjaya | lan sanak putunèki | anarik curiga | goco mring wong Madura | kang samya lênggah manggihi | gègèr puyêngan | kuwur pan dèn amuki ||

28. mring Tohjaya lawan sanak putunira | wong Madurakèh mati | sakarining pêjah | malêdug asar-saran | sira Tohjaya Ngabèi | pangamukira | lir banthèng tawan tanin ||kanin.

29. wong Madura kang lumayu saking Jipang | dèn kêkodhol samargi | mring prajurit Cina | miwah wadya ing Jipang | mring Lamongan sêdya ngungsi | panyananira | bature ingkang maksih ||

30. sarêng prapta ing alun-alun Lamongan | Ki Tohjaya nadhahi | dhasar sampun sayah | katadhahan ngamukan | pating gudandap kèh mati | wong sampun sayah | kadya numbaki cindhil ||

31. nanging wuri bala Madura [Madu...]

--- 24 : 79 ---

[...ra] uninga | samya lumayu ngisis | wau kang winarna | Kyai Mataun prapta | lan wadya Cina tan kari | lumêbèng kitha | lan Tohjaya wus panggih ||

32. tan winarna solahe duk bôndayuda | ngungun sagung bupati | samya ngalêmbana | marang Kyai Tohjaya | makuwon sagung bupati | myang wadya Cina | anèng Lamongan baris ||

33. palayune ya ta wadya ing Madura | kèndêl sakilèn Giri | nèng Tumapêl samya | dènnya rame barisan | wau ta ingkang winarni | punggawa mônca- | nagara kang pangirid ||

Lajêng nyandhak jilid: 25.

--- 24 : [0] ---

Isinipun

148. Pangeran Wiramanggala lolos saking nagari Kartasura ngêmpal Cina. (Dhandhanggula, Pangkur). ... kaca 12

149. Wadya Kumpêni ing Kartasura pêrang kalihan prajurit Jawi. (Durma, Asmaradana). ... kaca 35

150. Wadya Kumpêni asrah bongkokan dhatêng Ingkang Sinuhun. (Asmaradana, Mijil, Dhandhanggula). ... kaca 44

151. Adipati Jayaningrat sèlèh kalênggahan lajêng paring pêpèngêt dhatêng putra mantu nama Radèn Supama. Pêpêrangan ing Samarang. (Dhandhanggula). ... kaca 62

152. Wadya Kartasura campuh kalihan wadya Madura. (Dhandhanggula, Durma, Kinanthi). ... kaca 73