Sastra Jawa

Program Digitalisasi Sastra Daerah

  • Increase font size
  • Default font size
  • Decrease font size

Babad Tanah Jawi, Balai Pustaka, 1939-41, #1024 (Jilid 25)

Katalog:Babad Tanah Jawi, Balai Pustaka, 1939-41, #1024
Sambung:
1.Babad Tanah Jawi, Balai Pustaka, 1939-41, #1024 (Jilid 01). Kisah, Cerita dan Kronikal | Babad Tanah Jawi #1010.
2.Babad Tanah Jawi, Balai Pustaka, 1939-41, #1024 (Jilid 02). Kisah, Cerita dan Kronikal | Babad Tanah Jawi #1011.
3.Babad Tanah Jawi, Balai Pustaka, 1939-41, #1024 (Jilid 03). Kisah, Cerita dan Kronikal | Babad Tanah Jawi #1012.
4.Babad Tanah Jawi, Balai Pustaka, 1939-41, #1024 (Jilid 04). Kisah, Cerita dan Kronikal | Babad Tanah Jawi #1013.
5.Babad Tanah Jawi, Balai Pustaka, 1939-41, #1024 (Jilid 05). Kisah, Cerita dan Kronikal | Babad Tanah Jawi #1014.
6.Babad Tanah Jawi, Balai Pustaka, 1939-41, #1024 (Jilid 06). Kisah, Cerita dan Kronikal | Babad Tanah Jawi #1015.
7.Babad Tanah Jawi, Balai Pustaka, 1939-41, #1024 (Jilid 07). Kisah, Cerita dan Kronikal | Babad Tanah Jawi #1016.
8.Babad Tanah Jawi, Balai Pustaka, 1939-41, #1024 (Jilid 08). Kisah, Cerita dan Kronikal | Babad Tanah Jawi #1017.
9.Babad Tanah Jawi, Balai Pustaka, 1939-41, #1024 (Jilid 09). Kisah, Cerita dan Kronikal | Babad Tanah Jawi #1018.
10.Babad Tanah Jawi, Balai Pustaka, 1939-41, #1024 (Jilid 10). Kisah, Cerita dan Kronikal | Babad Tanah Jawi #1019.
11.Babad Tanah Jawi, Balai Pustaka, 1939-41, #1024 (Jilid 11). Kisah, Cerita dan Kronikal | Babad Tanah Jawi #1020.
12.Babad Tanah Jawi, Balai Pustaka, 1939-41, #1024 (Jilid 12). Kisah, Cerita dan Kronikal | Babad Tanah Jawi #1021.
13.Babad Tanah Jawi, Balai Pustaka, 1939-41, #1024 (Jilid 13). Kisah, Cerita dan Kronikal | Babad Tanah Jawi #1022.
14.Babad Tanah Jawi, Balai Pustaka, 1939-41, #1024 (Jilid 14). Kisah, Cerita dan Kronikal | Babad Tanah Jawi #1023.
15.Babad Tanah Jawi, Balai Pustaka, 1939-41, #1024 (Jilid 15). Kisah, Cerita dan Kronikal | Babad Tanah Jawi #1024.
16.Babad Tanah Jawi, Balai Pustaka, 1939-41, #1024 (Jilid 16). Kisah, Cerita dan Kronikal | Babad Tanah Jawi #1025.
17.Babad Tanah Jawi, Balai Pustaka, 1939-41, #1024 (Jilid 17). Kisah, Cerita dan Kronikal | Babad Tanah Jawi #1026.
18.Babad Tanah Jawi, Balai Pustaka, 1939-41, #1024 (Jilid 18). Kisah, Cerita dan Kronikal | Babad Tanah Jawi #1027.
19.Babad Tanah Jawi, Balai Pustaka, 1939-41, #1024 (Jilid 19). Kisah, Cerita dan Kronikal | Babad Tanah Jawi #1028.
20.Babad Tanah Jawi, Balai Pustaka, 1939-41, #1024 (Jilid 20). Kisah, Cerita dan Kronikal | Babad Tanah Jawi #1029.
21.Babad Tanah Jawi, Balai Pustaka, 1939-41, #1024 (Jilid 21). Kisah, Cerita dan Kronikal | Babad Tanah Jawi #1030.
22.Babad Tanah Jawi, Balai Pustaka, 1939-41, #1024 (Jilid 22). Kisah, Cerita dan Kronikal | Babad Tanah Jawi #1031.
23.Babad Tanah Jawi, Balai Pustaka, 1939-41, #1024 (Jilid 23). Kisah, Cerita dan Kronikal | Babad Tanah Jawi #1032.
24.Babad Tanah Jawi, Balai Pustaka, 1939-41, #1024 (Jilid 24). Kisah, Cerita dan Kronikal | Babad Tanah Jawi #1033.
25.Babad Tanah Jawi, Balai Pustaka, 1939-41, #1024 (Jilid 25). Kisah, Cerita dan Kronikal | Babad Tanah Jawi #1034.
26.Babad Tanah Jawi, Balai Pustaka, 1939-41, #1024 (Jilid 26). Kisah, Cerita dan Kronikal | Babad Tanah Jawi #1035.
27.Babad Tanah Jawi, Balai Pustaka, 1939-41, #1024 (Jilid 27). Kisah, Cerita dan Kronikal | Babad Tanah Jawi #1036.
28.Babad Tanah Jawi, Balai Pustaka, 1939-41, #1024 (Jilid 28). Kisah, Cerita dan Kronikal | Babad Tanah Jawi #1037.
29.Babad Tanah Jawi, Balai Pustaka, 1939-41, #1024 (Jilid 29). Kisah, Cerita dan Kronikal | Babad Tanah Jawi #1038.
30.Babad Tanah Jawi, Balai Pustaka, 1939-41, #1024 (Jilid 30). Kisah, Cerita dan Kronikal | Babad Tanah Jawi #1039.
31.Babad Tanah Jawi, Balai Pustaka, 1939-41, #1024 (Jilid 31). Kisah, Cerita dan Kronikal | Babad Tanah Jawi #1040.

Regi f 0.50

Babad Tanah Jawi

Jilid: 25

Bale Pustaka - Batawi Sèntrêm

--- 25 : [1] ---

Serie No. 1289x

Babad Tanah Jawi

Jilid: 25

Radèn Mas Garêndi jumênêng nata wontên ing Pathi, jêjuluk Prabu Kuning

Bale Pustaka - Batawi Sèntrêm - 1941

--- 25 : [2] ---

Wêwênangipun ingkang ngarang kaayoman miturut anggêr ingkang kapacak ing Sêtatsêblad 1912 No. 600

--- 25 : [3] ---

Wadya Kartasura campuh kalihan wadya Madura

34. Ki Tumênggung Surabrata Pranaraga | sapanêkarnya prapti | bumi Surabaya | baris anèng Janggala | wong Sampang kang nêdya gitik | wong Surabaya | dadya taha ing wèsthi ||

35. Ki Mataun ing Sidayu gya rinêbat | lawan kitha ing Tubin | apan sampun rêmbag | budhal sagamanira | Ki Mataun kang nindhihi | tuwin wong Cina | wong Madura winarni ||

36. ingkang lagya baris Tumapêl gegeran | lorod ing têngah wêngi | mring Sidayu samya | prapta sakidul kitha | anèng Prijagan abaris | kancane têka | saking Sidayu sami ||

37. Ki Tumênggung Mataun sabalanira | sabrang kidul wus prapti | dhusun Parijagan | apan êlêt bangawan | arame bêdhil-binêdhil | prajurit Cina | samya nilib ing wêngi ||

38. panabrange manginggil anurut toya | wong Balora kang ngirid | lan wong Warung Sela | lan wong Sidayu samya | ingkang sampun nungkul sami | atuduh marga | nabrang sagung prajurit ||

39. Ki Tumênggung Mataun taksih nèng ngandhap | apan akarya sandi | adandan baita | dadyarsa nêdya nabrang | wong Madura tan udani | lamun wong Cina | samya nabrang manginggil ||

40. samya gugup prajurit Cina narajang | saking kilèn [ki...]

--- 25 : 4 ---

[...lèn] ambêdhil | wong Madura tadhah | arame dènira prang | Tumênggung Mataun aglis | sawadyanira | sampun nabrang banawi ||

41. sigra dènnya ananggulang ing ayuda | wadya Madura ngisis | pan wus kathah pêjah | Rahadèn Kartayuda | têtindhihe angêmasi | sakancanira | gangsal sarêng ngêmasi ||

42. kang wadyalit sakantune ingkang pêjah | marang sajro nagari | Sidayu wus aprapta |Lebih satu suku kata: Sidayu wus prapta. Radèn Sêcadiningrat | sêdya arêrêmpon jurit | nanging kasêsa | kang wadya Cina prapti ||

43. miwah sagung punggawa môncanagara | ingkang samya angungsir | marang wong Madura | nagri Sidayu prapta | Tumênggung Sidayu nênggih | arsa magut prang | kalulun ing wadyalit ||

44. sampun rusak tatane sami lumajar | kitha wus dèn êbroki | mring prajurit Cina | miwah sagung dipatya | wong Cina anjarah sami | ingkang kacandhak | wadone dèn jamahi ||

45. Ki Tumênggung Mataun sawadyanira | makuwon pacak baris | sajroning nagara | lawan prajurit Cina | Dipasana duk winarni | saking ing Tuban | pan dèrèng angsal warti ||

46. ing Sidayu bêdhah wus kancikan mêngsah | katalanjur wus prapti | sajroning nagara | anêdya bantu yuda | wong Jipang samya upaksi | wadya ing Tuban | binujung kèh ngêmasi ||

47. Arya Dipasana gêbyur ing samodra | Ngujung Pangkah wus prapti | wau kawarnaa | Radèn Sêcadiningrat | sarta kalawan kang abdi | sarta lumajar | numpak [numpa...]

--- 25 : 5 ---

[...k] baita konthing ||

48. kèndel pulo Mangare atur uninga | yèn kasoran ing jurit | marang ingkang rama | dutanira wus prapta | katur yèn kasoran jurit | wadyakèh pêjah | duka yayah sinipi ||

49. animbali marang ing pêpatihira | Dyan Mangundara prapti | ya ta sru ngandika | Pangeran Cakraningrat | hèh Mangundara dèn aglis | sira dandana | si kacung kalah jurit ||

50. lah gawanên wong jêro adunên yuda | sandika kang tinuding | Radèn Mangundara | tur sêmbah sampun mêdal | asadhiya ing ajurit | wong tigang nambang | nêngguh kang dèn tindhihi ||

51. pan ing dalu budhal numpak ing samodra | samya amot ing konthing | sêlur kang baita | pulo Mangare prapta | lajêng panabrangiraglis | mring Ujung Pangkah | samya nata wadyalit ||

52. Ki Tumênggung Mataun kang kawuwusa | ingaturan udani | mring Surawikrama | yèn mêngsah kathah prapta | Ngujung Pangkah dèn ênggoni | wadyèng Madura | samya kamot ing konthing ||

53. sigra undhang Kyai Mataun samana | mring sagunging dipati | myang prajurit Cina | wadya môncanagara | pinartiga ingkang baris | pangawat têngah | samya jaga ing margi ||

54. Adipati Madiun pangawat kanan | ingkang munggèng ing keri | Dipati Balora | Warung lawan Sêsela | mung Japan ingkang kinanthi | munggèng ing dhadha | samya samêktèng jurit ||

55. kang prajurit Cina pinangku nèng ngarsa | wau ta kang winarni | wadya ing Madura | kang anèng [a...]

--- 25 : 6 ---

[...nèng] Ujung Pangkah | pra samya nabrang ing wêngi | kang keri kanan | pan amung dèn kawali ||

56. pêpênêde golong mêdal ing têngahan | mêntas saking jaladri | nêgêl barisira | Kyai Mataun Jipang | wontên dasih tur udani | yèn mêngsah prapta | golong lampahing baris ||

57. Ki Mataun apan arsa aputusan | kang munggèng kanan kering | kinèn angumpula | mêngsah kasêlak prapta | wong Madura nêmpuh wani | prajurit Cina | panggah dènnya nadhahi ||

58. pan kinêpung dening wadya ing Madura | wong Cina ngamuk wani | Ki Mataun Jipang | bêndhenira angangkang | kêkênthung kalawan bèri | kang wadya Cina | surak gumuruh atri ||

59. ting jalêgur carabalèn ing Madura | galaganjur saruni | umung swaranira | carub ingkang ayuda | arame ungkih-ingungkih | bala Madura | samya ngamuk angungkih ||

60. sira Lêmbu Sangara mamuk manêngah | lir banthèng tawan kanin | gêmpang kang katrajang | lawan Jayasudira | gunungan samya ngawaki | antêp ing yuda | tan ana ngucap ajrih ||

61. ulu-ulu wong Cina samya umiyat | wadya Cinakèh mati | mangamuk manêngah | Cik Putih lan Cik Êmas | Êncik Colan Rôngga Êlik | Lêmbu Sêngara | nêmpuh lan Rôngga Êlik ||

62. Rôngga Êlik tinumbak jajane pasah | sigra amêdhang aglis | jangganira pagas | sira Lêmbu Sêngara | sampyuh lawan Rôngga Êlik | pan sarêng pêjah | wong Cina aningali || [|...]

--- 25 : 7 ---

[...|]

63. lamun Rôngga Êlik punika palastra | kang kantun samya ngisis | atilar gêgaman | malêdug asar-saran | tan ana kang môngga pulih | Tumênggung Jipang | sawadyanira maksih ||

64. gya kinêpung dening bala ing Madura | rame bêdhil-binêdhil | wadyabala Jipang | samya dhepok sadaya | pitung atus winitawis | bala Madura | sarêng nêmpuh ngêbyuki ||

65. sampun rusak tatane bala ing Jipang | kathah ingkang ngêmasi | datan antuk papan | binendrong binêdhilan | akiwul-kiwul tanpolih | Tumênggung Jipang | kapupu ing ajurit ||

66. sutanira Ngabèi Kramawijaya | ing Japan arsa pulih | nanging katadhahan | dening bala Madura | Kramawijaya ngêmasi | sawadyanira | tumpês tan ana kari ||

67. sapêjahe Tumênggung Mataun Jipang | pangawat kanan keri | arsa têtulunga | nanging tan antuk marga | Dipati Madiun kalih | samya nêmpuh byat | bala Madura nisih ||

68. nanging wadyanira mawut asar-saran | samya ebat ningali | mring bala Madura | solahe anglir yaksa | prasamya kèsisan dasih | kang pra dipatya | myang bala Madurèki ||

69. pangrasane wong Madura ngamuk wuta | samya lumajar wingwrin | dadya kang ayuda | êpur sapih maesa | kunarpanira Dipati | Jipang binêkta | mring anak putunèki ||

70. myang kuparnanirakunarpanira. ngabèi ing Japan | samya binêkta aglis | mundur maring Jipang | wadya môncanagara | sagung ingkang pra

--- 25 : 8 ---

dipati | mundur sowangan | tan wontên nêdya pulih ||

71. kawuwusa wau bala ing Madura | kang gitik Surawèsthi | ingkang sami prapta | apan ayun-ayunan | lawan bala Pranaragi | Ki Surabrata | sampun miyarsa warti ||

72. Ki Tumênggung Mataun lamun palastra | tumpês sawadyanèki | angrês manahira | rêmbag sabalanira | myang sagunging pra dipati | lorod sadaya | mantuk mring Pranaragi ||

73. dadya gusis sagunging môncanagara | tan wontên kang abaris | amung Surabaya | kang maksih yun-ayunan | kalawan bala Kumpêni | miwah wong Sampang | samyamrêp Surawèsthi ||

74. sira Radèn Tumênggung Sêcadiningrat | ngancik Sidayu malih | tuwin Dipasana | sampun mantuk mring Tuban | Nglamongan lawan Garêsik | wus tinanêman | wong Madura kinardi ||

75. wong Madura kang anggitik Surabaya | pan sampun dèn bantoni | Radèn Mangundara | lajêng saking Sidarya | busêkan wong têpis wiring | ing Surabaya | gègèr kelangan kanthi ||

196. Kinanthi

1. para mantri Surèngkewuh | prasamya mêthuk ing jurit | marang sajawining kitha | têtindhihing Sawunggaling | pêpatih ing Surabaya | anom kaskayatur wani ||

2. ing sabên dina acampuh | lan Ngabèi Sawunggaling | yudane wong Surabaya | kadya banthèng tawan kanin | bala Madura kasoran | kaburu akèh ngêmasi ||

3. nênggih gêgununganipun | sami ngungsi jroning loji | angêntosi [angê...]

--- 25 : 9 ---

[...ntosi] bêbantunya | wong Madura sami wingwrin | kèndêl dènira ayuda | gênti wau kang winarni ||

4. sutanira Ki Mataun | sira Radèn Kartasari | lawan Radèn Martapura | ing Warung kang apalinggih | rêmbag ngaturi uninga | ing radèn rêkyana patih ||

5. pêjahe sudarmanipun | anèng madyaning ajurit | lawan kadange satunggal | kang duta lumaksanaglis | ing marga datan winarna | prapta ing Kartasurènjing ||

6. sêratira sampun katur | ing radèn rêkyana patih | kalangkung pangungunira | lajêng sowan ing jro puri | praptèng jro wus ingandikan | munggèng ngarsaning narpati ||

7. kya patih nêmbah umatur | kawula atur upaksi | nênggih abdi dalêm Jipang | pan Mataun angêmasi | lawan anake satunggal | wadyalit kathah ngêmasi ||

8. myang Cina kathah kang lampus | mêngsah Madura pan inggih | kalangkung wantêr ing yuda | Sidajêng kancikan malih | abdi dalêm pra dipatya | môncanagara angisis ||

9. mangkya wontên Majaranu | kang dadya cucuking jurit | wadyèng Madura bêbahak | apan sampun bêboyongi | angungun sri naranata | angandika mring apatih ||

10. kayaparan ta sirèku | Si Madura ngrêrubêdi | rêkyana patih tur sêmbah | sumanggèng karsa narpati | iku paman karsaningwang | sira wakana pribadi ||

11. lamun nora mangkonèku | tanpa wêkas ing ajurit | wong Cina dimèn enggala | anggêcak [anggê...]

--- 25 : 10 ---

[...cak] loji Matawis | yèn sira kang nindhihana | kacèk tangkêping ajurit ||

12. dene wetan kang sun tuduh | Si Arya Pringgalayèki | iku paman ngayomana | sagung wong môncanagari | angrêbut nagri ing Jipang | lan malih ingsun gawani ||

13. dhimas Dipanagarèku | lan adhi mas Mangkubumi | ya lawan adhi mas Rôngga | dadia jimating jurit | rêkyana patih tur sêmbah | lêrês karsa padukaji ||

14. sigra tinimbalan sampun | sirarya Pringgalayèki | miwah sagunging santana | kèrid mring pangran ngabèi | lan Pangeran Buminata | wadana kanan lan keri ||

15. prapta ngarsane sang prabu | kang pra santana wotsari | sri narendra angandika | hèh kakang mas angabèi | puniki pikir manira | Si Arya Pringgalayèki ||

16. manira tuduh lumaku | nindhihi môncanagari | adhi mas Dipanagara | lan yayi mas Mangkubumi | kalawan yayi mas Rôngga | dadosa jimat ngajurit ||

17. katiga milua nglurug | dimèn samya wruh ing sakit | amapag mungsuh Madura | matur pangeran ngabèi | kawula sumanggèng karsa | inggih anjurungkên amin ||

18. dene si paman puniku | Natakusuma nindhihi | Cina kang gitik Samarang | dene kang têngga ing mami | wadana lêbêt kewala | dika lan si adhi-adhi ||

19. pangran ngabèi umatur | alêrês karsa sang aji | lamun botên makatêna | tanpa wêkasing ajurit | nagari lami tan arja | têmah ngrêrisak [ngrêrisa...]

--- 25 : 11 ---

[...k] wadyalit ||

20. alon ngandika sang prabu | mring Arya Pringgalayèki | iya sira kang sun karya | senapatining kang baris | nindhihi môncanagara | dene ta si adhi-adhi ||

21. dadia jimatirèku | Dyan Pringgalaya wotsari | anuwun mugi antuka | ing sawab barkat narpati | sang nata malih ngandika | dhatêng ingkang rayi-rayi ||

22. Pangran Dipanagarèku | lan Pangeran Mangkubumi | katiga Pangeran Rôngga | dèn padha angati-ati | aywa sira kaya bocah | angèl tatraping ajurit ||

23. sampun pinaringan sangu | kalawan lorodan nyamping | kang rayi tiga nyatunggal | dene sangu tigang biting | lawan busananing wadya | katiga saking sang aji ||

24. lawan yatra gangsal atus | badhe ganjaraning dasih | sri naranata ngandika | ing radèn rêkyana patih | iku paman lamun sira | budhal anglurug ing benjing ||

25. mangkata sing alun-alun | kalawan Si Rajaniti | ingsun pan arsa umiyat | ing gêgamanira sami | pan sampun tinundhung mêdal | sira rahadèn apatih ||

26. lan Radèn Pringgalayèku | kalih sampun dèn paringi | apan yatra gêgantungan | badhe ganjaraning dasih | ingkang tumêmên ing karya | kang pinatêdhak sang aji ||

27. myang para santana sampun | mêdal saking dalêm puri | ing dalu datan winarna | ya ta kawuwusa enjing | gumrah wadyèng kapatihan | samya sayagèng ajurit ||

--- 25 : 12 ---

153. Ki Surandriya lan Ki Wôngsajaya, abdi dalêm gandhèk, katawan ing mêngsah, lajêng katur dhatêng Batawi

28. gantya wau kang kawuwus | gandhèk ingkang anindhihi | Tumênggung Suradiningrat | ing Tuban duk angêmasi | tinukup ing wong Madura | gandhèk datan dèn pêjahi ||

29. dene abdine sang prabu | Ki Surandriya namèki | Ki Wôngsajaya satunggal | mila datan dèn pêjahi | de binêkta mring Madura | katur mring sang adipati ||

30. Madura rinêksa sampun | anèng wismaning pêpatih | lami nora tinimbalan | pinrih ayêma rumiyin | pamrihira Cakraningrat | kênaa dèn têtakoni ||

31. mila alami dèn imbu | ilanga gumyurirèki | andina sinuba-suba | dêdimèn eca kang galih | duk samana tinimbalan | mring Cakraningrat Dipati ||

32. gandhèk prapta kalihipun | ing ngarsane Sang Dipati | Cakraningrat angandika | ingsun atakon sayêkti | aywa goroh aturira | yèn goroh ingsun patèni ||

33. sapa ingkang duwe rêmbug | sang nata mungsuh Kumpêni | têka ngiloni wong Cina | apa karsane pribadi | gandhèk kalih atur sêmbah | pamirsa kawula alit ||

34. ingkang sangêt darbe atur | rahadyan rêkyana patih | kèlu sagunging punggawa | tan wontên purun malangi | ajrih ing radèn apatya | manawi sinêngêr runtik ||

35. têmah lungsur lênggahipun | mila wanèh kang dipati | Adipati [Adipa...]

--- 25 : 13 ---

[...ti] Jayaningrat | Dhongkol api-api sakit | Tumênggung Kartanagara | dèn pilaur angêmasi ||

36. samyajrih darbea atur | ing radèn rêkyana patih | langkung angungun miyarsa | Cakraningrat Adipati | asru dènira ngandika | punggawakèh tanpa kardi ||

37. tan nêdya anari mring sun | kaliwat amajananiamêjanani. | Susunan Pakubuwana | nora tinggal bapa mami | apa sakaliring rêmbag | pasrah mring wong tuwa mami ||

38. cècèkan padha kumênthus | wania ing mêngko iki | ngandêlakên sugih bala | pêksa angêntasi kardi | tur kabèh môngsa enjoha | prasasat angrujag gusti ||

39. yèn ingsun nêdya amungsuh | têkan wadone wong Jawi | cawêta milua aprang | nadyan godhonge waringin | kabèh dadia manungsa | milua amangun jurit ||

40. sun kicêl bae lan ingsun | suwe mijêt wohing ranti | pae kaya wong Madura | tate anjunjung narpati | pamugariningrat Jawa | dadya pamungkasing wèsthi ||

41. gandhèk kêkalih umatur | alêrês sampeyan inggih | pangeran malih ngandika | sira sun wèhakên mangkin | mring Kapitan Surabaya | lamun sira dèn takoni ||

42. aywowah tuturirèku | pasthi sira nêmu bêcik | nadyan silih dèn gawakna | marang nagarèng Samawis | dèn banjurna mring Jakarta | ywa owah tuturirèki ||

43. gandhèk sinangonan sampun | binêkta mring Surawèsthi | caraka sampun [sampu...]

--- 25 : 14 ---

[...n] umêsat | ing laut datan winarni | praptèng nagri Surabaya | kang duta tumamèng loji ||

44. sampun katur suratipun | Cakraningrat Adipati | mring Kapitan Surabaya | sampun binuka kang tulis | kapitan ngungun miyarsa | wong anggandhèk dèn takoni ||

45. tan owah kadya turipun | mring Pangeran Madurèki | linajêngakên saksana | marang nagari Samawis | ing laut datan winarna | wus prapta nagri Samawis ||

46. wus panggih lawan kumêndur | miwah dhatêng Kumisaris | Tilêm kalawan kang nama | Komasaris Prèsêl nênggih | surat saking Surabaya | tinupiksa ganti-ganti ||

47. miyarsa kalangkung ngungun | kumêndur lan komasaris | nanging suka amiyarsa | dene ta sri narapati | nora pati yèn karsaa | anumpês bala Kumpêni ||

48. yèn èstua tuturipun | gandhèk kang kabandhang iki | katut aturing punggawa | dudu karsane pribadi | pan maksih kêna dèn ulah | ing têmbe dèn ulih-ulih ||

49. gandhèk linajêngkên sampun | marang nagari Batawi | kèrid dening dutanira | kumêndur lan komasaris | kalih saha mawi surat | wus praptèng nagri Batawi ||

50. surat katur ing gurnadur | miwah sagunging radpêni | gandhèk pinanggil mring ngarsa | dinangu tiniti-titi | tan owah ing aturira | rêmpêg lan kang muni tulis ||

51. radpêni sadaya ngungun | dhuh Gusti Rajèng Matawis | jagate ingkang punggawa | angrusak bala Kumpêni |

--- 25 : 15 ---

gurnadur atêbah jaja | sadalêming tyas manangis ||

52. gandhèk linajêngkên wangsul | mring nagri Samarang malih | ing benjang kinèn nglajêngna | katura ing sri bupati | sakalangkung urmatira | mring abdinirèng narpati ||

53. saha surating gurnadur | kang dhatêng ing komasaris | tan kocap margèng samodra | nagri Samarang wus prapti | wong anggandhèk wus pinarnah | kên rinêksèng kêbon wingking ||

154. Patih Natakusuma nyenapatèni wadyabala Kartasura ingkang anggêpuk nagari Samarang

197. Pangkur

1. kunêng ingkang kawarnaa | wau sira radèn rêkyana patih | dènira sayaga sampun | samêkta wadyabala | budhal ingkang gêgaman mring alun-alun | abra busananing wadya | yèn tinon lir prawatagni ||

2. nênggih pangganjuring lampah | wong Parêmbun Surayuda nindhihi | Bubutan Surabangsèku | lawan Nilasaraba | ing Rendhetan nulya wuri kang sumambung | Ki Ngabèi Surajaya | gêgaman dinulu asri ||

3. saha tunggul warna-warna | nulya wadyanira ing jro nambungi | wong jayamênggala ngayun | asri busananira | kang sumambung ing wuri wong tanpagêmbung | anulya wong jayantaka | wong narantaka nambungi ||

4. nulya wong sêcanirbaya | wong anjayaparusa kang nambungi | wong jayènglatri ing pungkur | nulya wong jayèngastra | nulya wadya kapêtêngan kang sumambung | ngagêm wau cêcebolan |

--- 25 : 16 ---

wong nirmala anambungi ||

5. ing wuri wong tanparaga | anggarêbêg ing lampahe dyan patih | wong magêrsari akêpung | asri kang upacara | pangarsane prapta jêjêl ngalun-alun | ambèr dhatêng ing galadhag | rahadèn rêkyana patih ||

6. prapta munggèng panangkilan | kawarnaa Tumênggung Rajaniti | prapta sadêdamêlipun | wadya tanpa wilangan | prajurit kang saha kuda kalih èwu | lan ingkang lumakyèng dharat | untabe kagiri-giri ||

7. lurung pêpêt ing gêgaman | tan kênawor apangkat-pangkat sami | ya ta wau sang aprabu | miyos ing panangkilan | saha upacaranira sri dinulu | orêg sagunging punggawa | ngandika sri narapati ||

8. marang ing radèn apatya | iku paman Si Arya Madurèki | iya sun tuduh lumaku | nindhihi wadyèng Têgal | anggawaa wong jagasura sadarum | barênga lan lakunira | tur sêmbah rahadèn patih ||

9. alêrês karsa paduka | iya paman nuli angkatna aglis | kabèh gêgamanirèku | ingsun arsa umiyat | kyana patih tur sêmbah nolih ing pungkur | asuwarèng wadyabala | budhal gêgaman pangarsi ||

10. umung swaraning kang bala | samya salawatan samargi-margi | lampahe tan kêna carub | golong salurah-lurah | sira radèn apatih majêng wotsantun | mangaras padèng narendra | myang Tumênggung Rajaniti ||

11. mangaras mangraup pada | sri narendra ngandika mring apatih | nyangoni salamêt ingsun | kabèh [ka...]

--- 25 : 17 ---

[...bèh] sawadyanira | sigra lèngsèr saking ngarsanya sang prabu | anindhihi wadyanira | lan Tumênggung Rajaniti ||

12. tan owah lampahing bala | asri tinon kadya prawata sari | kang tunggul lawan lêlayu | abra lir pêksi krêndha | arêratwan malêdug lir gunung kapuk | mawur katêmpuh prahara | ting karêtèp ting parêlik ||

13. samana para ngulama | para kaji kathah samya umiring | wadya satêmah amuwus | nadyan dèn balangana | kopyah bae loji ing Samarang gêmpur | sampun karsaning Hyang Suksma | samya dhatêngakên kibir ||

14. ing marga datan winarna | lampahira pan ing Ungaran prapti | masanggrahan gangsal dalu | ya ta radèn apatya | animbali ing kaji Mataram gupuh | prapta rahadèn ngandika | kakang kaji sun angipi ||

15. sarupane kang wong Cina | ingsun tingalakên dadi wong èstri | dika pardika puniku | matur kaji Mataram | inggih pênêd watêking èstri puniku | salamêt lampah sampeyan | nanging rahadèn apatih ||

16. kang eca ing manahira | amiyarsa pradikane kang kaji | sigra Tuwan Sayid Mahbud | matur ing radèn patya | kula balak inggih ngimpi wau dalu | katingal wontên dahana | dika bapak dèn purugi ||

17. ing gêni lawan kawula | samya kesah ponang gêni nututi | pêdhang kula katon runtuh | anuli kêris kula | awèh dika puniki katingal runtuh | nulya kang jagat sadaya | bapak samya

--- 25 : 18 ---

dadya agni ||

18. kumêpyur radèn apatya | amiyarsa impène Tuwan Sayid | pangandikanira arum | pênêd puniku tuwan | nanging sampun dika tutur liyanipun | gantya ingkang kawarnaa | Ki Arya Pringgalayèki ||

19. wus samêkta balanira | miwah sira Pangeran Mangkubumi | Pangran Dipanagarèku | tuwin Pangeran Rôngga | wus samêkta budhal saking alun-alun | gêgaman awarna-warna | kadya prabata kabêsmi ||

20. wadyaning para santana | tinon kadya sêkar sataman asri | kêkôndha lawan lêlayu | amyang yèn tiningalan | swaraning kang balakuswa tri gumuruh | ing marga tan winurcita | pitung dalu anèng margi ||

21. wus praptèng talatah Jipang | wong Madura sampun miyarsa warti | yèn wong Kartasura rawuh | wadya tanpa wilangan | têtindhihe Rahadèn Pringgalayèku | Pangeran Dipanagara | lan Pangeran Mangkubumi ||

22. katiga Pangeran Rôngga | samya mundur prajurit Madurèki | lorod dhatêng ing Sidayu | tan wontên kang anglawan | lampahira wadyèng Kartasura rawuh | nagri Jipang wus kancikan | sirarya Pringgalayèki ||

23. ngundhangi sagung dipatya | saha wadya môncanagara sami | wong gandhèk ingkang tinuduh | nindhihi Surabaya | linampahkên lan wong singanagarèku | wadyanira Pringgalaya | kang bêkta mring Surawèsthi ||

24. dene nagari ing Jipang | ingkang kinèn ngayomana wadyalit | sutanira Ki Mataun | dene nagri Nglamongan |

--- 25 : 19 ---

Ki Tohjaya ingantukkên malih sampun | têntrêm wong môncanagara | ya ta Pangran Mangkubumi ||

25. ngandika mring Radèn Arya | Pringgalaya kadipundi puniki | dawêg lajêng mring Sidayu | puniku tuking mêngsah | sanggon-gone kang mungsuh dawêg dèn êlud | aran wong kinèn apêrang | pasthi mungsuh dèn parani ||

26. matur Arya Pringgalaya | inggih benjing pangeran dèn aririh | atur uninga karuhun | dhatêng raka paduka | sri narendra bok ta dede karsanipun | aran mung nagari Jipang | kang kinèn ngrêbut kariyin ||

27. yèn sampun wontên timbalan | lajêng dhatêng Sidayu inggih gampil | pan inggih samangsanipun | kawula apan darma | andhêdhèrèk ing sampeyan ing sapurug | samangke ajrih kawula | bok dinukan ing rakaji ||

28. kunêng ingkang kawuwusa | wau sira radèn rêkyana patih | wus budhal sawadyanipun | saking dhusun Ngungaran | sampun prapta Paterongan lampahipun | lajêng samya masanggrahan | gumrah swaraning kang dasih ||

29. Ki Rajaniti pinarnah | ing gêgunung saha bala mênuhi | wadya pasisir sadarum | sagunging pra dipatya | samya sowan ing rahadèn patih wau | miwah pun Singsèh Sapanjang | saha wadya amanggihi ||

30. prasamya suka sadaya | senapatinira pan sampun prapti | radèn patih ngandikasru | enjang padha kiraba | lêlèdhèkên Kumpêni dimène mêtu | dèn gumuruh surakana | aywana mundur ing jurit ||

--- 25 : 20 ---

198. Durma

1. tan kawarna ing dalu wuwusên enjang | sagunging pra dipati | ngirabakên wadya | miwah prajurit Cina | rame surakira atri | dyan kawarnaa | wau bala Kumpêni ||

2. asadhiya mêdal amagut ing yuda | nêmpuh bitingirèki | Ngabèi Trêbaya | lajêng têmpuh ing yuda | arame bêdhil-binêdhil | prajurit Cina | sigra dènnya nulungi ||

3. tinindhihan marang Radèn Martapura | wong Cina ngamuk wani | Kumpêni apanggah | rame dènira yuda | Kumpêni kathah ngêmasi | pan ingamukan | kalawan pêdhang abir ||

4. pan kasaput ing dalu sapih kang yuda | ing enjingira nênggih | Radèn Martapura | lan Ngabèi Trêbaya | sowan ing radèn apatih | apan ambêkta | murdane wong Kumpêni ||

5. sapraptane ing ngarsanira rahadyan | atur solahirèki | kalanira yuda | dyan patih langkung suka | sirah kinèn amanjêri | ing pabitingan | amundhut radèn patih ||

6. yatra kawan atus sarwi angandika | lah tampanana iki | patêdhan sang nata | radèn waratakêna | marang ing wadyanirèki | matur sandika | Radèn Martapurèki ||

7. mundhut malih tigang atus praptèng ngarsa | ngandika mring ngabèi | iki tampanana | pêparinging narendra | Ngabèi Trêbaya aglis | majêng tur sêmbah | ngandika radèn patih ||

8. waratakna iya marang baturira | dèn padha anglabuhi | ing karya sang nata | yèn nagri dalêm arja |

--- 25 : 21 ---

têkan anak rabinèki | milu karêksa | dèn padha ngras ugi ||Kurang satu suku kata: dèn padha ngrasa ugi.

9. lamun ingkang sinandhang lawan pinangan | barkate sri bupati | Ngabèi Trêbaya | matur sarwi karuna | kang abdi tan darbe urip | langkung sih marma | tan sagêd amangsuli ||

10. nulya samya tinundhung mring pamondhokan | antawis tigang latri | wong Kumpêni mêdal | angilèn lampahira | Sabukalu kang ginitik | bitinganira | rame campuh ing jurit ||

11. Ki Tumênggung Mangkuyuda amiyarsa | lan Ki Wiragunèki | atêtulung sigra | rame abêbêdhilan | Sabukalu angudhuni | sawadyanira | nêmpuh angamuk wani ||

12. ingkang wadya Kumpêni panggah ing yuda | samya ungkih-ingungkih | rukêt lawan pêdhang | sagung prajurit Cina | samya ngantêp ing ajurit | wus kathah pêjah | Cina miwah Kumpêni ||

13. Sabukalu pangamukira lir yaksa | kalawan pêdhang abir | gêmpang kang katrajang | Kumpêni kathah pêjah | mundur kang bala Kumpêni | prajurit Cina | samya anglud mangungsir ||

14. wong Kumpêni undure alêlumbungan | pan maksih ambêdhili | Sabukalu kêna | kêkêmpunge kang kiwa | pan angrêm mimisirèki | wus ginosongan | wong Cina mundur sami ||

15. amakuwon Sabukalu sampun sayah | katur mring radèn patih | amaringi sigra | jêjampi lawan yatra | kalih atus duta prapti | saha mariksa | wau dènira kanin ||

--- 25 : 22 ---

16. sawusira duta mariksa wus nulak | katur ing radèn patih | langkung ngungunira | angrês wong pabarisan | dene Sabukalu kanin | apan wong Cina | tan wontên kang nglangkungi ||

17. kadya Sabukalu kapurunanira | ya ta warnanên latri | pabitinganira | Sabukalu kalawan | Tumênggung Mangkuyudèki | myang Wiraguna | kinarutug ing bêdhil ||

18. tan akèndêl mariyêm saking palatar | wong Jawa amalêsi | ramya bêbêdhilan | sadalu datan pêgat | saha surakira atri | kang kawarnaa | radèn rêkyana patih ||

19. pan ing pukul gangsal munggèng palataran | saha ngandika aris | mring kang wadya lurah- | ira wong jayantaka | ngêndi banene sawêngi | pondhoke sapa | kang kinarutug bêdhil ||

20. dene durung ana kang atur uninga | priksanên dèn agêlis | Surajaya enggal | sigra duta amêsat | lan Surajaya wus panggih | gya dhinawuhan | satimbalaning gusti ||

21. aturira Ki Ngabèi Surajaya | punika yèn watawis | biting Mangkuyudan | lan biting Wiragunan | andika matur ing gusti | lamun sambada | sawarnining prajurit ||

22. kinirabna gumêlar ing ara-ara | wangsul ponang dutaglis | katur aturira | Ngabèi Surajaya | ngandika rahadèn patih | ya undhangana | kancamu konên aglis ||

23. sira payo dhingin mêtu lawan ingwang | sigra rahadèn patih | mêdal mung sakawan | wadya

--- 25 : 23 ---

ingkang tut wuntat | nanging wus busanèng jurit | jumênêng ngandhap | asêm amundhut aglis ||

24. bêndhe kinèn anêmbang munya angangkang | kumrab ingkang ajurit | nanging dèrèng tata | mêdal asalang tunjang | gugup umiyat ing gusti | dene wus mêdal | dadya arêbut dhingin ||

25. sarêng mêdal raditya bala Walônda | mêdal saking ing loji | arsa ngantêp yuda | anggamêng lampahira | ingkang kilèn apan maksih | abêbêdhilan | Kumpêni kang mêdali ||

26. pan angetan Singsèh pabitinganira | ingkang arsa ginitik | lawan bitingira | Rahadèn Martapura | lan Ngabèi Trêbayèki | têmpuh ing yuda | rame bêdhil-binêdhil ||

27. Ki Ngabèi Trêbaya sawadyanira | nêmpuh angamuk wani | Radèn Martapura | mangsah nindhihi Cina | arame bêdhil-binêdhil | prajurit Cina | sami ngamuk mangungkih ||

28. ingkang wadya Kumpêni panggah ing yuda | angêdrèl wanti-wanti | kukusing sundawa | pêtêng angampak-ampak | wong Cina wus kathah mati | ing wuri prapta | ngamuk pêdhang lan abir ||

29. Bugis Ambon Sambawa lawan Makasar | kang samya anadhahi | pan karoban lawan | mundur kang wadya Cina | Ki Ngabèi Trêbayèki | nalabung yuda | Kumpêni kwèh ngêmasi ||

30. sigra nêmpuh Kumpêni bitingan Dêmak | apan ingêbyuk wani | ingurugan gurnat | Tumênggung Wirasastra | lumaywa atinggal biting | wus ingobongan | marang bala Kumpêni ||

--- 25 : 24 ---

31. mingsêr ngilèn nêmpuh pabitinganira | Dyan Mlayakusumèki | ramya katadhahan | Radèn Mlayakusuma | kagunganira narpati | mriyêm gadhuhan | Ki Sisik dèn adhêpi ||

32. ingkang wadya Kumpêni parêng narajang | angêdrèl wanti-wanti | sira Radèn Arya | Mlayakusuma tadhah | wau mariyêm Ki Sisik | kinèn nyumêda | mring kang wadya saragni ||

33. gya sinumêd saragni tiga kaglimpang | saking ing balowarti | Kumpêni narajang | Radèn Mlayakusuma | wadyane kathah kang kanin | mantri Ki Dêmang | Sawakul angêmasi ||

34. ingkang tatu Rahadèn Sutasantana | wadyalit kèh ngêmasi | sira radèn arya | giris ngoncati yuda | dhadhal sawadyanirèki | pondhokanira | pan sampun dèn obongi ||

35. ya ta wau rahadèn rêkyana patya | miyat mungsuh dhatêngi | umundhut turôngga | mring lurah gamêlira | Ki Rêksapada namèki | kêkambilana | Si Kidung ta dèn aglis ||

36. pan pun Kidung punika kinudang-kudang | titihaning ajurit | tan adangu prapta | kuda wus tinitihan | mangsah rahadèn apatih | wadya pangarsa | samya arêbut dhingin ||

37. wong anjayamênggala kang munggèng ngarsa | lawan wong jayènglatri | wong sêcanirmala | lan wong jayaparusa | wong tanpagêmbung lan malih | wong tanparaga | kang samya munggèng ngarsi ||

38. dene ingkang cêlak lawan gustinira | wadya jayèngastrèki | lan wong jayantaka | lawan wong narantaka |

--- 25 : 25 ---

wong anirmala lan malih | wong kapêtêngan | garêbêg kanan keri ||

39. wadyabala Kumpêni kang ngungsir samya | ing radèn arya nênggih | Malayakusuma | lajêng pangêludira | wadyane radèn apatih | katunjang samya | kalulun ing wadyèki ||

40. Radèn Arya Malayakusuma dhadhal | milwa lumayu ngisis | wau radèn patya | kèndêl ing lampahira | turangganira tan kêni | lêlarèn ngarsa | jêblog kudanirèki ||

41. cinamêthi pun Kidung mopo kewala | saksana dèn udhuni | ginêbug landheyan | mêksa pamogokira | sru ngandika radèn patih | jaran kaparat | tan kêna dèn bêciki ||

42. ulihêna Si Rondhon kêkambilana | nêmbah Rêksapadaglis | kuda wus binêkta | mantuk mring pamondhokan | pun Rondhon dèn kêkapani | bala pangarsa | tan wruh gustinirèki ||

43. lamun kèndêl angêntosi kang turôngga | kuwur tataning baris | wau kang turôngga | pun Rondhon sampun prapta | sigra rahadèn apatih | nitih turôngga | umangsah ing ajurit ||

44. amung wadya jayantaka munggèng ngarsa | lan narantaka malih | lan wong jayèngastra | wus campuh kang ayuda | kalawan bala Kumpêni | pangêdrèlira | Kumpêni wanti-wanti ||

45. tinadhahan marang wadya jayantaka | rame bêdhil-binêdhil | swaraning sanjata | anglir rug kang prawata | bala Kumpêni ngêbyuki | pangêdrèlira | tan anggop wanti-wanti ||

46. pêtêng dhêdhêt dening kukusing [kuku...]

--- 25 : 26 ---

[...sing] sandawasundawa. | wadyane radèn patih | mawur asar-saran | sira radèn apatya | maksih amajêngkên dasih | wong jayantaka | lan wong narantakèki ||

47. lan wong jayèngastra lawan wong nirmala | nanging akathah kari | lèring Paterongan | sabin jêblog aluran | lan adrês mimis Kumpêni | sawênèh wadya | samya ngantun ing wingking ||

48. sarêng prapta samadyaning adilaga | radèn rêkyana patih | angawaki yuda | mung lêt sabin sakothak | lawan kang bala Kumpêni | kèsisan wadya | ingêdrèl wanti-wanti ||

49. winatawis amung wadya kalih dasa | kang munggèng kanan keri | ingkang anèng ngarsa | amung têtiyang gangsal | Ki Martayuda namèki | sanak putunya | lan para lurah katri ||

50. sanjatane ingkang samya munggwing ngarsa | lagya mungêl ming kalih | samya nandhak tumbak | lêlurah jayantaka | wit pandhan dèn parêpêki | arsa ampingan | pandhan wus dèn ênggoni ||

51. dening bala Kumpêni nuli anyipat | wong jayantaka kêni | pêpilinganira | pun Tirta kapisanan | wong anirmala nulungi | Baud namanya | lan kancane satunggil ||

52. tinadhahan ingêdrèl pan sampun kêna | wong nirmala kêkalih | lan wong jayantaka | ingkang bêkta bandera | kêni pan sampun ngêmasi | radèn apatya | duka yayah sinipi ||

53. anrêgakên wadya sakarining pêjah | grêgut mangsah ngawaki | winga-winga ing tyas | sumung-sumung ing jaja | wau kang bala

--- 25 : 27 ---

Kumpêni | mundur sadaya | wangsul bantune prapta ||Guru lagu seharusnya: 7i, wangsul bantune prapti.

54. mangsah malih ngêdrèl ping kalih rambahan | panggah radèn apatih | ajur songsongira | saking pangrêdrèlneka | adrêsing mimis Kumpêni | radèn apatya | maksih rinêksèng Widi ||

55. kudanira pun Rondhon kêni sanjata | lêlêmpènge kang keri | turôngga anjingkat | nanging radèn apatya | maksih muka ing ajurit | dyan sutanira | ran Sutawijayèki ||

56. anyamêthi kuda marpêki kang rama | matur sarwi anjêlih | ngaturi mundura | nanging wau kang rama | maksih apanggah ing jurit | tan piniyarsa | kang putra jêlèh malih ||

57. Radèn Sutawijaya sarwi karuna | dawêg mundur kiyai | pan wadya paduka | punika sampun risak | ingayomana rumiyin | yèn sampun pêpak | benjang maguta malih ||

58. tan pinirsa maksih nêngah ing ayuda | kang putra jêlèh malih | kiyai turôngga | pun Rondhon nandhang tiwas | lêmpènge punika kanin | kagyat kang rama | sarwi nolih ing nguri ||wuri.

59. tiningalan pun Rondhon lêlêmpèngira | butul rahnya umijil | ya ta angandika | hèh payo Martayuda | ingsun unduri rumiyin | salin turôngga | mêngko umangsah malih ||

60. nulya mundur awatara têbahira | tan ingungsir Kumpêni | kèndêl sira radyan | munggèng sandhaping kamal | miwah kang bala Kumpêni | mundur sadaya | kèndêl ngarsaning biting ||

61. sira radyan têdhak saking ing

--- 25 : 28 ---

turôngga | kinèn ngantukna aglis | marang pasanggrahan | prapta wus cinuculan | gumêtêr nulya ngêmasi | katur rahadyan | langkung ngungunirèki ||

62. Sayid Mahbub nusul marang ing payudan | panggih lan radèn patih | maksih yun-ayunan | apan arsa ngamuka | ngaturi umangsah malih | radyan ngandika | mangke tuwan dèn ririh ||

63. lagya ngumpulakên wadya kang kapisah | gya kinèn anjagani | Tuwan Sayid dika | manawi mangsah yuda | lajêng dènnya wira-wiri | nèng ngarsanira | radèn rêkyana patih ||

64. ingkang wadya Kumpêni ngumpul barisnya | aglar ngarsaning biting | anjêjêr kewala | praptèng pukul satunggal | tan obah dènira baris | ing wanci asar | mundur bala Kumpêni ||

65. sira radèn apatih sawadyanira | nimbangi mundur sami | samya masanggrahan | wau kang pabitingan | Kumpêni tan angênggèni | tuwin wong Jawa | tan purun angantuki ||

66. sagunging pra dipatya mundur barisnya | myang wadya Cina sami | mundur barisira | tan ana kang maguta | antawis ing pônca ratri | sira Kapitan | Singsèh sawadyanèki ||

67. sowan marang rahadèn rêkyana patya | nuwun prênahirèki | dènnya bêbitinga | ya ta radên apatya | emut ing supênèng nguni | lamun wong Cina | duk katingal dadyèstri ||

68. wus pinarnah anunggila lan Sapanjang | kulon dadia siji | sira radèn patya | akèn akarya surat | mring carik atur [a...]

--- 25 : 29 ---

[...tur] upaksi | yèn yudanira | tan asor tan ainggil ||

69. êpur sapih maesa duta umêsat | ing marga tan winarni | praptèng Kartasura | wus panggih kang caraka | lan Tirtawiguna nênggih | katur kang surat | saking radèn apatih ||

70. tinupiksa lajêng katur ing sang nata | ngungunira tan sipi | dene amiyarsa | dènnya kèsisan bala | dadya ngawaki pribadi | alon ngandika | si paman nêniwasi ||

71. durung pira prang nuli kèsisan bala | ngêndyana senapati | nuli ngadu awak | lagya pêpucuking prang | paran ta dadine enjing | Tirtawiguna | nêmbah turira manis ||

199. Dhandhanggula

1. inggih alêrês pangandikaji | abdi dalêm pun Natakusuma | yèn makatêna tandange | pan agal wawratipun | anglingsêmi ing sri bupati | prasasat sri narendra | lingkab samiripun | pasthi ngèsêman de mêngsah | angandika wau jêng sri narapati | iya Tir wis mêtua ||

2. lah warahên dutane si patih | aywa yuda yèn durung samakta | angayomana wadyane | ywa Tirtawiguna wus | mêdal saking ing dalêm puri | sapraptanirèng jaba | lan duta wus cundhuk | dhinawuhakên timbalan | nanging layang boya kalilan ngangsuli | manirajrih matura ||

3. duta pamit mêsat saking ngarsi | tan winarna ing marga wus prapta | nagri Samarang enjinge | caraka gya tumanduk | ngabyantaranira apatih | katur saaturira | miyarsa angungun | kèndêl datan angandika | duta matur angaturakên pawarti |

--- 25 : 30 ---

susah ing Kartasura ||

4. angandika rahadèn apatih | iya apa ingkang dadi susah | caraka atur sêmbahe | sampeyan kang misuwur | tumpês anèng madyaning jurit | marmi duk surat prapta | andikaning prabu | kinèn ngundhangkên sadaya | nadyan têntrêm manahe kawula alit | mèsêm rahadèn patya ||

155. Ingkang Sinuhun Pakubuwana bêdhami malih kalihan Kumpêni

5. duk samana kèndêl ponang jurit | tan wontên kang anglarag-linarag | eca yun-ayunan bae | ya ta ingkang winuwus | Komasaris Tilêm anênggih | lan komasaris tuwa | katiga kumêndur | lagya sami abicara | sawusira bicara gandhèk pinanggil | pan wus binêktan surat ||

6. kinèn mantuk mring Kartasuraglis | surat katura ing sri narendra | mêtua pabitingane | Ki Wirasastra iku | amundhut wong Makasar siji | marang Dhaèng Mabelah | ngêsrahakên wau | gandhèk marang Wirasastra | lampah dalu wong têtiga sampun prapti | pondhok Kawirasastran ||

7. Wirasastra gêgêtun tan sipi | gya linajêngkên mring Kartasura | kinanthenan utusane | ing marga tan winuwus | prapta nagri Kartasurènjing | lawan Tumênggung Tirta- | wiguna wus pangguh | ingkang sêrat wus tinampan | tiningalan lamate katur narpati | kagyat Tirtawiguna ||

8. sigra dènnya sowan mring jro puri | sira Tumênggung Tirtawiguna | ing atur wus nyanthèlake |

--- 25 : 31 ---

ngandikan praptèng ngayun | surat katur ing sri bupati | sigra dènnya nupiksa | bêbukaning têmbung | katura tabe kawula | pun kumêndur kalawan pun komasaris | wiyose tur uninga ||

9. abdi dalêm wong gandhèk kêkalih | kang kacêkêl dhatêng pun Madura | katura sang nata mangke | lawan ta malihipun | sakathahe kang munggèng tulis | saatur-atur kula | pan timbalanipun | pan inggih eyang paduka | tuwan jendral kawula dèn pitadosi | rumêksèng padukendra ||

10. sakalangkung sungkawa ing galih | tuwan jendral myang rad pan Indiya | sadaya mepuh manahe | yèn èstua sang prabu | nêdya ngrisak bala Kumpêni | tan ajrih ing ayuda | mung pangowêlipun | yèn panjaga kalampahan | datan wande risake ing tanah Jawi | sintên ingkang kecalan ||

11. mila Kumpêni nèng tanah Jawi | inggih saking para raja-raja | kang sawarga pasihane | pinaring panganipun | kang rumêksa ing siyang ratri | panganggêpe suwita | tan amalih dulu | sèwu sumpah tan anêdya | sèdhèng ing tyas ngregoni karaton Jawi | mung inggih mrih raharja ||

12. sapamirsanira sri bupati | kèndêl dangu datan angandika | sira Tirtawigunane | pan sampun kinèn mêtu | enjing kinèn saosa malih | lan gandhèk kinèn bêkta | marang wismanipun | kunêng ingkang kawuwusa | Radèn Natakusuma duk animbali | marang Singsèh Sapanjang ||

13. prapta cundhuk lan radèn apatih |

--- 25 : 32 ---

ya ta alon dènira ngandika | Radèn Natakusumane | dene lawan sirèku | nora seba-seba mring mami | ywa susah atinira | pan wus jamakipun | wong apêrang kalah mênang | karsaning Hyang ywa cilik atinirèki | matur Singsèh Sapanjang ||

14. kadi punapa radèn apatih | yèn botêna alit ingkang manah | ujêr wong Jawa tatane | tan rêmpêg dadya batur | along dadya mêngsah ing batin | yèn sampun makatêna | dèn atêmah lêbur | wong Cina môngsa gingsira | saking biting ngandika radèn apatih | lah iya iku sapa ||

15. Singsèh Sapanjang umatur aris | kula botên purun umatura | môngsa kilapa rahadèn | wong Cina kathah kang wruh | akintun wos dhatêng ing loji | aprang marahi dhadhal | wèh babah ing mungsuh | Rahadèn Natakusuma | graitèng tyas pangandikanira aris | ya uwis sun kaduga ||

16. iya besuk sun ngaturi tulis | marang ing kangjêng sri naranata | kayaparan ing karsane | Singsèh Sapanjang nuhun | amit mantuk wus dèn paringi | kêton ngatiga bêlah | suka ing tyasipun | Rahadèn Natakusuma | sigra dènnya ngutusan ngaturi tulis | mring nagri Kartasura ||

17. tan winarna ing marga wus prapti | Kartasura surat wus tinampan | marang Tirtawigunane | tinupiksa kang têmbung | kaatura ing sri bupati | ngaturkên pêjah gêsang | lawan sêmbahipun | punapa kang lêlampahan | kinarsakkên [kinarsakkê...]

--- 25 : 33 ---

[...n] inggih ing cêndhakirèki | punapa pinanjangna ||

18. kagyat Tirtawiguna mirsèki | lajêng dènnya sowan mring jro pura | wus prapta ing pasebane | gya nyanthèlakên atur | nuhun sowan wus dèn timbali | prapta ing ngarsa nata | suratira katur | punika saking pun paman | tinupiksa kapirsa têmbunging tulis | dangu tan angandika ||

19. ya ta nulya angandika aris | kayapriye êtir pikirira | Tirtawiguna ature | môngsa borong pukulun | sri narendra ngandika malih | iya têka matura | satêmêne iku | aywa sira taha-taha | sigra nêmbah Tirtawiguna turnyaris | yèn ing mênggah kawula ||

20. abdi dalêm pun paman apatih | unjukipun makatên punika | sampun mênggah ing liyane | yèn kênia pukulun | inggih pinitajêngan kardi | pun paman adipatya | makatên turipun | sri narendra angandika | iya nuli mêtua warahên aglis | dutane paman patya ||

21. konên ngayomi wong cilik dhingin | besuk esuk sira asaosa | tur sêmbah agya wêdale | praptèng jawi kapangguh | lan dutane radèn apatih | pan sampun dhinawuhan | timbalan sang prabu | sêrat datan winangsulan | duta mêsat ing marga datan winarni | praptèng nagri Samarang ||

22. sampun cundhuk lan radèn apatih | duta nêmbah matur solahira | ing purwa myang wasanane | tan antuk angsul-angsul | langkung dènnya sungkawèng galih | Radèn Natakusuma | gantya kang winuwus | Tumênggung Tirtawiguna |

--- 25 : 34 ---

lawan kangjêng ratu ibu wus akait | anyêndhak lêlampahan ||

23. apa saliring prakawisnèki | sira Tumênggung Tirtawiguna | yèn ajrih umatur dhewe | ngaturkên ratu ibu | dimen katur ing sri bupati | mangkana tinimbalan | Tirtawiguna wus | praptèng ngarsaning narendra | angandika wau jêng sri narapati | Tir paran budinira ||

24. iya êtir ing lêlakon iki | saenggane kaya wastra bêdhah | panjang pêcah upamane | apa pulih dèn ancur | apa ora pikirên aglis | nêmbah Tumênggung Tirta- | wiguna umatur | yèn mênggah abdi narendra | sêsagêde gusti botên sagêd pulih | yèn mêngsah padukendra ||

25. sagêd anglêbur sagêd akardi | sri narendra mèsêm angandika | iku ya apa bedane | Tirtawiguna matur | langkung sanès punika gusti | sang nata angandika | gawea sul-angsul | layange kang dhihin ika | kan ginawa marang bocah gandhèk nguni | iku lah angsulana ||

26. nanging ungkulana prakarèki | dene wanine punggawaningwang | pan awit têka Si Pan Pèl | sêring piyangkuhipun | ngrusak adat kang dhingin-dhingin | lan pangipuking Cina | mring punggawaningsun | ingkang padha dèn sikara | mring Kumpêni nêmbah Tirtawigunaglis | umêdal saking pura ||

27. sapraptane jawi anênulis | sampun dadya gandhèk tinimbalan | sêrat wus pinaringake | lampahe kinèn jujug | mring Tumênggung Wirasastrèki | ananging lampah dhustha | aywana [aywa...]

--- 25 : 35 ---

[...na] wong wêruh | wong anggandhèk sigra mêsat | tan winarna ing marga praptèng Samawis | panggih lan Wirasastra ||

28. linajêngakên tumamèng loji | duta nuju mring Dhaèng Mabelah | saksana ingaturake | surat marang kumêndur | miwah dhatêng ing komasaris | gya manggil juru basa | kinèn maos sampun | miyarsa dhawuhing surat | langkung suka kumêndur lan komasaris | enggar kang wadya-wadya ||

29. rêmbag ngaturi sul-angsul malih | gandhèk tinulak binêktan surat | sinangon umêsat age | wus panggih lan Tumênggung | Wirasastra wus anganthèni | lajêng ing lampahira | pan ing siyang dalu | praptèng nagri Kartasura | panggih lawan Tirtawiguna ing enjing | sêrat saking Samarang ||

30. tinampenan gya sowan mring puri | wus ingandikan mring jêng narendra | kang sêrat ingaturake | tinupiksa kang têmbung | angandika sri narapati | iki Tir Si Walônda | kabèh wus anglêbur | alane kabèh wong Jawa | myang Kumpêni muliha kadya ing nguni | aywana sandeyèng tyas ||

31. lawan anuhun pangwasa mami | anirnakêna sakwèh wong Cina | kang abôngga ing dhèwèke | jaluk pangwasaningsun | ginêcaka marang wong Jawi | nêmbah Tumênggung Tirta- | wiguna umatur | yèn suwawi lawan karsa | komasaris kinèn arêmbag amikir | lan pun Natakusuma ||

32. anggêcaka ing wong Cina gusti | yèn sampun rêmbag lawan pun paman | pan agampil masalahe | ngandika sang aprabu |

--- 25 : 36 ---

ya mêtua nulisa aglis | yèn wus dadi banjurna | kagawaa iku | bocahe Si Wirasastra | bocah gandhèk aywa milu bali maning | tur sêmbah nulya mêdal ||

33. Ki Tumênggung Tirtawiguna glis | sawusira dadya ponang surat | pinaringakên dutane | Kyai Wirasastra wus | mêsat duta saking nagari | ing marga tan ingucap | kang caraka sampun | praptèng nagari Samarang | panggih lawan Tumênggung Wirasastraglis | duta kinèn lajua ||

34. tumamèng loji duta wus amit | pan ing dalu wanci pukul sanga | prapta wus panggih lan Dhaèng | Mabelah surat katur | mring kumêndur lan komasaris | amanggil juru basa | winaos kang têmbung | dènnya nuhun mring sang nata | kinèn rêmbag lan radèn rêkyana patih | langkung tustha miyarsa ||

35. wusnya dadya bicara amanggil | mring Kumpêni pun Dhanci namanya | arsa dinuta lampahe | ambêkta suratipun | katur marang radèn apatih | pun Dhanci sigra mêdal | praptèng jawi sampun | sarwi nyangking jarit pêthak | usap tangan wus praptèng jawining biting | kagyat wong jawi miyat ||

36. ngawe-awe ing jêjarit putih | kang sawênèh mastani bandera | nulya cinêlakan age | pun Dhanci nguwuh-uwuh | atêrêna manira iki | seba ing radèn patya | manira ingutus | angaturakên kang surat | komasaris katura ing radèn patih | wong Jawa saurira ||

37. iya êndi layangira dhingin | sun aturne pun Dhanci angucap | yèn [yè...]

--- 25 : 37 ---

[...n] kojaluk ngong tan awèh | atêrna bae ingsun | gya kinêpung wau pun Dhanci | ingiring lampahira | prapta pondhokipun | Ki Ngabèi Surajaya | surat katur pun Dhanci binêkta aglis | sowan wus praptèng ngarsa ||

38. sêrat katur ing radèn apatih | tinupiksa têmbunging kang surat | kula ngaturakên tabe | lawan ta malihipun | pan kawula utusan nênggih | dhatêng sri naranata | anuhun pitulung | aprakawis kang wong Cina | dèn rusaka kang samya bôngga Kumpêni | timbalane sang nata ||

39. yèn nyataa timbalan narpati | dene nora dhawuh marang ingwang | iya apa ta sawabe | Ki Surajaya matur | bilih-bilih gusti manawi | sagêde pun Walônda | anandi ing atur | Rahadèn Natakusuma | angandika marang Sutamênggalèki | sira dhewe miyanga ||

40. mring Kartasura aturna aglis | layang iki marang sri narendra | lan ngatasa kapindhone | yèn atur sêrat ingsun | têka nora dèn patêdhani | angsul-angsul kang surat | apa sawabipun | kang tinuding atur sêmbah | mêsat saking ngarsane radèn apatih | pun Dhanci kawarnaa ||

41. pinaringan sul-angsul wus pamit | lampahira jro loji wus prapta | kang sêrat ingaturake | mring komasaris sêpuh | ngaran Prisêl Tilên anênggih | binuka tinupiksa | sêrat ingkang têmbung | komisaris pakênira | kirim layang wus manira tupiksani | nging sabar pakênira ||

--- 25 : 38 ---

156. Patih Natakusuma rumaos kèwêdan anggènipun angladosi karsanipun Ingkang Sinuhun

42. apan tan lami manira pikir | dene besuk manira kongkonan | yèn dadi pikir ing têmbe | kunêng ta kang winuwus | dutanira rêkyana patih | wus praptèng Kartasura | panggih lan Tumênggung | Tirtawiguna tinampan | sêrat saking rahadèn rêkyana patih | binuka wus kadriya ||

43. Ki Tumênggung Tirtawigunangling | mèsêm maring Ki Sutamênggala | puniki adhi lamine | kang kula ayun-ayun | mila kula angarsi-arsi | wus ping kalih utusan | anuhun pitulung | Kumpêni maring sang nata | nanging dèrèng pinatêdhanan ubanggi | sêrat tan winangsulan ||

44. nulya sowan marang ing jro puri | sira Tumênggung Tirtawiguna | sampun ingandikan age | wus praptèng ngarsa prabu | raosing srat saking Samawis | katur ing sri narendra | ing saaturipun | Rahadèn Natakusuma | angandika alon kangjêng sri bupati | nuli kirima layang ||

45. iya maring si paman apatih | apa barang pikiring Walônda | dèn turuta sapatute | lan agawea iku | pirapêta kadya ing nguni | iya môngsa bodhoa | ing rèh kang anuju | si paman Natakusuma | agawea lawên mring si komasaris | pirapêting arênggang ||

46. nanging aja pati anglanggati | dên panggunga ngangkuh sawatara | aywa kasoran kulane | wis mêtua yèn uwus | layang dadi lakokna nuli |

--- 25 : 39 ---

sigra Tumênggung Tirta- | wiguna wotsantun | mêdal saking ing jro pura | sapraptane ing jawi wus anênulis | dadya gya kinèn bêkta ||

47. mring carakanira radèn patih | mêsat saking nagri Kartasura | tan winursitèng margane | nagri Samarang rawuh | duta lajêng marêk ing gusti | katur kang ponang surat | tinupiksa gupuh | mirsa têmbunging nawala | pan anglênggêr rahadèn rêkyana patih | ing wanci bakda ngisa ||

48. animbali mring Ki Rajaniti | prapta cundhuk lan radèn apatya | alon ing pangandikane | iya kakang tumênggung | kadipundi lakon puniki | angrasa nora bisa | Rajaniti matur | sintên sagêd nglampahana | yèn makatên sawung atarung upami | cucuke dèn kalêthak ||

49. dhatêng bêbotohipun pribadi | Radèn Natakusuma ngandika | lamun makatên kanthane | kakang ing turun pitu | aywa ana ingkang nglakoni | kaya lêlakon ingwang | anak putuningsun | Ki Rajaniti turira | turun sanga roh kula ingkang anunggil | lawan êroh sampeyan ||

50. inggih sampun kongsi anglampahi | kadya lampah paduka punika | e Allohumabangide | dohna aywa kapranggul | ing lêlakon ingkang mênthalit | muga dèn parêkêna | lêlakon kang jujur | kang tuhu padhang narawang | datan eci lêlakon mangkene iki | bonggan ingkang kasmaran ||

200. Asmaradana

1. ya ta rahadèn apatih | adangu datan [da...]

--- 25 : 40 ---

[...tan] ngandika | saksana ngandika alon | marang Ki Nayamênggala | Gobèsira ing kuna | duk anèng Batawi wawuh | iya kalawan Si Rôngga ||

2. Ki Gobès matur wotsari | pan inggih wanuh kawula | rumiyin langkung pênêde | nanging ing mangke wikana | radèn patih ngandika | lah iya sira sun utus | atêmua lan Si Rôngga ||

3. lamun sira dèn takoni | ywa sira ngaku dinuta | ngakua gawemu dhewe | Nayamênggala gya nêmbah | mêsat saking ngayunan | pan amomor lampahipun | praptèng ing jro pabitingan ||

4. pakuwonnya wus kapanggih | Mas Rôngga Tiksnawijaya | kagyat wruh marang Ki Gobès | sira dhi Nayamênggala | mèh ta pangling manira | siradhi ana gawemu | sumaur Nayamênggala ||

5. damêl kawula pribadi | lami tan panggih lan kakang | Rôngga Tiksnawijayalon | lingnya yèn sira dinuta | têka sira ngakua | padha pasaja lan ingsun | iya adhi ngarah apa ||

6. mèsêm Nayamênggalèki | inggih sayêktose kakang | lampah kawula kinongkon | dhatêng ing kangjêng bêndara | kinèn panggih lan kakang | Tiksnawijaya gumuyu | ujar ingsun silih apa ||

7. suwene iya sun lirik | sasolahmu wus katara | yèn dudu lakumu dhewe | lah adhi dikongkon apa | maring kangjêng bêndara | inggih lampah kula ngutus | animbali maring dika ||

8. Rôngga Tiksnawijayangling | tanggung adhi lumakua |

--- 25 : 41 ---

iki mèh surup srêngenge | lan ingsun durung wèh warta | mring komasaris bêsar | iya adhi mêngko pukul | sanga sun atur uninga ||

9. maring Tilên Komasaris | wis adhi sira muliha | ing besuk balia manèh | wus amit Nayamênggala | lampahira wus prapta | katur ing sasolahipun | ing dalu tan winursita ||

10. ing enjing lumakwa malih | Ki Gobès wus tinampenan | Suradaksana namane | Mantri Kamlayakusuman | ing loji sampun prapta | Mas Rôngga ingkang cinatur | pan sampun atur uninga ||

11. mring Prisêl Tilên anênggih | alon dènira angucap | yèn lumakua dèn age | tabeningsun aturêna | marang radèn apatya | yèn kumpêni wus anglêbur | panggawe kang ala-ala ||

12. Rôngga Tiksnawijayamit | sigra wau lampahira | panggih lan duta kalihe | dawêg adhi nuli mangkat | kula sampun kalilan | lan kathah wêwêlingipun | komasaris lan kawula ||

13. wong têtiga gya lumaris | mêdal saking pabitingan | prapta ing pasanggrahane | Rahadèn Natakusuma | lajêng maring ngayunan | Rôngga Tiksnawijaya wus | tur sêmbah mangaras pada ||

14. Mas Rôngga matur wotsari | bêndara kula dinuta | angaturakên kang tabe | inggih sudara sampeyan | tuwan katiga pisan | rahadèn apatih manthuk | iya Rôngga sun tarima ||

15. nanging ingkang dèn wastani | Mas Rôngga [Rông...]

--- 25 : 42 ---

[...ga] tuwan katiga | kang jumênêng kumêndure | Samarang Natanailsa | Tilmès namane ika | apan wus salin ping têlu | lan duk jênênge kapitan ||

16. pan Pèlsêr Kartasurèki | samana kumêndurira | Samarang Baklomèh Uspe- | sêr loji ing Kartasura | duk bêdhahe samana | Samarang salin kumêndur | Kumêndur Rus namanira ||

17. nuli prang Samarang nênggih | tan winarna laminira | pan salin kumêndur malèh | iya Kumêndur Natana- | lèlsêl Tilmès namanya | sarta lawan dhatêngipun | Kumpêni saking Jakarta ||

18. atêtindhih komasaris | kêkalih sêpuh karuna | kang sêpuh Prisêl namane | komasaris kang taruna | Tilên namane ika | punika katiganipun | mangkana matur Mas Rôngga ||

19. wêlinge pun komasaris | miwah Kumpêni sadaya | pan sampun anglêbur awon | ngantuki ing kapênêdan | mantuka kadyèng kina | dyan patih angandikarum | mulane sira sun undang ||

20. dene sun wus dèn dhawuhi | mring gusti sri naradipa | ya padha nglêbur alane | angulihi kabêcikan | kadya ing kuna-kuna | Mas Rôngga nêmbah umatur | inggih sami ingkang karsa ||

21. yèn makatên kawulamit | manawi dèn arsa-arsa | lampah kawula kadangon | nêmbah umêsat sing ngarsa | Rôngga Tiksnawijaya | lampahira prapta sampun | ing loji sampun apanggya ||

22. lan Kumêndur Natanail | myang komasaris kalihnya | katur sasolah-solahe |

--- 25 : 43 ---

wau pangandikanira | Radèn Natakusuma | prasamya sukèng tyasipun | katiga dènnya miyarsa ||

23. komasaris angling malih | yèn mangkono abalia | matura ing tuwan radèn | lamun uwis kadhawuhan | timbalana sang nata | kinèn rêmbug lawan ingsun | lah payo undur-unduran ||

24. lan sang nata wus nglilani | anirnakêna wong Cina | marang ingsun timbalane | pasthi radèn mangkonoa | Mas Rôngga sigra mêsat | sampun prapta lampahipun | pasanggrahan Paterongan ||

25. cundhuk lan radèn dipati | Mas Rôngga matur wotsêkar | angaturakên tabene | inggih sudara sampeyan | tuwan katiga pisan | lawan malih aturipun | ngaturi undur-unduran ||

26. sang nata sampun nglilani | dhatêng sudara sampeyan | anumpês wong Cina kabèh | sampeyan gih makatêna | Radèn Natakusuma | pangandikanira arum | lah iya Rôngga matura ||

27. yèn undur-unduran biting | iya samangsanane ya | nuli sun parentahane | dene anumpês wong Cina | sun durung kadhawuhan | timbalane sang aprabu | Mas Rôngga amit tur sêmbah ||

28. sapraptanira ing loji | panggih nayaka katiga | wus tinutur sasolahe | wau ingkang pangandika | Radèn Natakusuma | aprakawis unduripun | pamondhokan sinanggupan ||

29. samôngsa dèn parentahi | amung anumpês wong Cina |

--- 25 : 44 ---

radèn patih samadose | inggih dèrèng kadhawuhan | timbalan saking nata | komasaris kalih muwus | lah iya iku agampang ||

30. ing benjing sun atur tulis | marang kangjêng sri narendra | warnanên wau rahadèn | patih sampun pêparentah | marang sagung punggawa | mundurkên pakuwonipun | nyamèni kang pasanggrahan ||

31. rahadèn rêkyana patih | sawingkinging Paterongan | ya ta pun Kapitan Singsèh | lawan Kapitan Sapanjang | kalih miyarsa warta | lamun radèn patih sampun | mangke utus-ingutusan ||

32. lawan sira komasaris | pan arsa angyêktènana | seba lawan sabalane | pun Singsèh lawan Sapanjang | praptèng pakuwonira | radèn patih wus apangguh | lawan pun Singsèh Sapanjang ||

33. singsèh aturira aris | miwah Kapitan Sapanjang | kawula punika radèn | ing pêjah gêsang kawula | wontên asta paduka | Dyan Natakusuma muwus | pagene sira angucap ||

34. iya kaya mangkonèki | katon apa ngrungu apa | Sapanjang alon ature | inggih botên katingalan | nanging atur kawula | wong Cina sadayanipun | pêjahe wontên sampeyan ||

35. wong Cina datan udani | inggih dhatêng sri narendra | amung sampeyan ujude | lêbura dèn kadi kisma | datan amalih tingal | anjanmaa kaping sèwu | topekongnya mung sampeyan ||

36. rahadèn rêkyana [rêkya...]

--- 25 : 45 ---

[...na] patih | ingkang wagugên ing driya | miyarsa wong Cinature | alon dènira ngandika | têka dèn apitaya | iya apa kang winuwus | lah uwis padha muliha ||

37. kalih sampun dèn paringi | yatra nigang atus sewang | angawan bêkêt obate | sawusira têtabean | lèngsèr saking ngayunan | mantuk mring pakuwonipun | ya ta ingkang kawuwusa ||

38. kumêndur lan komasaris | samana wus amiyarsa | wong Jawa pabitingane | prasamya mundur sadaya | suka dènnya miyarsa | sigra pêparentah bantu | mring Têgal lawan Japara ||

39. numpak kang bala Kumpêni | gumuruh anèng lautan | praptèng Japara lampahe | lajêng umangsah ing yuda | gitik bitinganira | wong Jawa rame acampuh | ing yuda pan long-linongan ||

40. bala Kumpêni ngêbyuki | angêdrèl saha gurnada | dhadhal wong Jawa barise | Tumênggung Wiranagara | lawan Rêksanagara | pêrang dènira umagut | rame campuh ing ayuda ||

41. Rahadèn Suralayèki | Barêbês lan Radèn Cakra- | nagara Pamalang age | samya têtulung ing yuda | têtindhih saking Karta- | sura Arya Mandurèku | umangsah ngawaki yuda ||

42. kang surak gumuruh atri | swaraning tambur gumêrah | wadya Kumpêni angêdrèl | sinusunan ing gurnada | mawur ingkang katrajang | sira Arya Mandurèku | katiban mimis gurnada ||

43. sêsingkabira kang kêni | Kumpêni samya angrangsang | mèh bêdhah pabitingane | sigra Ki Arya Mandura |

--- 25 : 46 ---

angambên brananira | pan sêdya angrêbat pintu | nanging kanine wus sayah ||

44. sêsèndhèn pipining kori | sarwi amangku talêmpak | pan arsa ingundurake | maring anak putunira | datan purun ki arya | mêngko undurêna ingsun | yèn wus mundur Si Walônda ||

45. êca dènira adhikir | kinarutug ing sanjata | wadya Têgal miyat kabèh | Tumênggung Wiranagara | lawan Rêksanagara | asru dènira amuwus | payo amuk wong Têtêgal ||

46. kêkasih dalêm pan kanin | yèn sira nora ngamuka | môngsa wurunga pinatèn | mendah dukane sang nata | sigra bala ing Têgal | dipatinira angamuk | nusup kukusing sanjata ||

47. kumpêni ingêbyuk wani | tumpês ingkang wolung dasa | prajurit Têgal tandange | lwir andaka katriwandhan | Bugis Ambon Sambawa | Makasar kathah kang lampus | ingamuk de wong Têtêgal ||

48. kumpêni mundur mring loji | ingêlud mring wadyèng Têgal | samya masang mariyême | anipat saking palatar | mundur bala ing Têgal | apan sarwi bêkta mantuk | marang Ki Arya Mandura ||

49. sapraptanira ing panti | Arya Mandura palastra | Kumpêni angrês manahe | bêbantu mantuk sadaya | praptèng nagri Samarang | katur ing sasolahipun | yèn rêmpu prange nèng Têgal ||

50. sigra komasaris manggil | mring Rôngga Tiksnawijaya | kinèn lumampaha age | panggih lan radèn apatya | sampun [sampu...]

--- 25 : 47 ---

[...n] winêkas-wêkas | Rôngga Tiksnawijaya wus | lampahe mring pasanggrahan ||

51. wus panggih lan radèn patih | Mas Rôngga matur wotsêkar | angaturakên tabene | pan inggih tuwan katiga | radèn patih tarima | lan malih wêwêlingipun | inggih sudara sampeyan ||

52. sampeyan kalih Kumpêni | dene wus undur-unduran | mila ing Têgal samangke | têka maksih wontên aprang | kalawan ing Japara | radèn patih ngandikasru | ingsun Rôngga tan kaduga ||

53. prakara bubaran iki | yèn ingsun parentahana | marang wong Kumpêni kabèh | iya môngsa dèn idhêpa | dene kabèh wong Jawa | pan wus sun undangi mundur | lan maning Rôngga sun tanya ||

54. prakara pêpêrang iki | ing Têgal lawan Japara | iya sapa wiwitane | apa Kumpêni anglarag | apa wong Jawa ngrangsang | Mas Rôngga nêmbah umatur | kawula botên uninga ||

55. yèn wong Jawa ngrangsang loji | amêsthi ingsun kang ala | yèn Kumpêni kang manggawe | iku ta môngsa bodhoa | Kumpêni pariksanya | iya matura tabeku | yèn mangkono ujar ingwang ||

56. Mas Rôngga nêmbah nulyamit | lèngsèr saking pasanggrahan | wus praptèng loji lampahe | panggih nayaka katiga | katur sasolahira | nênggih pangandikanipun | Rahadèn Natakusuma ||

57. kumêndur lan komasaris | prasamya kèndêl miyarsa | angraos lamun salahe |

--- 25 : 48 ---

wau ingkang kawuwusa | sira Tumênggung Têgal | utusan ngaturi wêruh | ing Radèn Natakusuma ||

58. lamun Arya Mandurèki | kasambut ing adilaga | miyarsa langkung ngungune | amariksa marang duta | sapa ingkang anglarag | apa Kumpêni kang nêmpuh | apa wong Jawa kang ngrangsang ||

59. duta matur yèn Kumpêni | ingkang gitik pabitingan | mila kantos arêrêmpon | tiwase rama paduka | Kyai Arya Mandura | mila wadyèng Têgal ngamuk | anarka môngsa gêsanga ||

60. dinukan ing sri bupati | rahadèn patih ngandika | warahên gustimu age | lah uwis aywa anglanggar | de yèn Kumpêni nglarag | iya têka dèn atangguh | lah uwis duta muliha ||

61. mangkana radèn apatih | utusan atur uninga | Arya Mandura tiwase | duta praptèng Kartasura | katur ing sri narendra | sasolah rekaning pupuh | sang nata ngungun miyarsa ||

62. kawarnaa komasaris | amanggil marang Mas Rôngga | sampun winêling lampahe | seba marang pasanggrahan | ing marga tan winarna | praptèng Paterongan cundhuk | lan Radèn Natakusuma ||

63. Mas Rôngga matur wotsari | angaturkên tabenira | kumêndur komasarise | lan malihipun kawula | dinutatur uninga | inggih lamun sang aprabu | sampun dhawuhkên timbalan ||

64. dhatêng tuwan komasaris | kalilan anggêmpur Cina | radèn patih ngandikalon | iya ingsun [ing...]

--- 25 : 49 ---

[...sun] kadhawuhan | timbalane sang nata | anurut sarêmbugipun | prakara ngrusak wong Cina ||

65. iku Rôngga karêp mami | sun wiwiti besuk Ngahad | yèn ora Ngahad Sênène | ingsun angrusak wong Cina | iya sira matura | yèn mangkono karsaningsun | Mas Rôngga wus pinaringan ||

66. dhuwung rasukan bêbênting | lawan turôngga satunggal | Mas Rôngga atur sêmbahe | inggih turôngga punika | yèn suwawi ing karsa | kawula lih wastanipun | pun Bêdhami yèn sêmbada ||

67. gèn sampeyan amaringi | inggih lan sudara tuwan | sampeyan nuju bêdhamèn | gumujêng radèn apatya | iya sakarsanira | aran wong dêduwe iku | Mas Rôngga amit tur sêmbah ||

68. sapraptanira ing loji | Mas Rôngga alon turira | mring nayaka katigane | lamun ingkang pangandika | Radèn Natakusuma | inggih benjing ari Minggu | wong Cina arsa ginêcak ||

69. yèn botên ing Minggu benjing | ing Isnèn pan linêksanan | komasaris sukèng tyase | mangkana kang winursita | Radèn Natakusuma | putêk ing tyas siyang dalu | ngraos wlas maring wong Cina ||

157. Antêping tekadipun Radèn Martapura

70. Rahadèn Martapurèki | ing dalu pan tinimbalan | tanpa rowang ing praptane | radèn patih angandika | hèh radèn kayaparan | liwat pêtênge tyas ingsun | dene karsaning

--- 25 : 50 ---

narendra ||

71. lawan punggawa kang kari | tan ana amrih raharja | amurungakên lêlakon | Radèn Martapura nêmbah | punika yèn èstua | ing karsanipun sang prabu | bêdhami lan pun Walônda ||

72. kula tan sagêd nglampahi | lêhêng pêjaha ing wana | yèn gêsanga parandene | môngsa wandea dèn lunas | dinamêl pambucalan | tinêtêpakên yèn êtuk | ing awon pasthi kawula ||

73. ingkang sampeyan pasrahi | rumiyin apan kawula | tinuduh sirahing gawe | angumpulakên wong Cina | janji saeka pêjah | wong Cina kang anênutut | pan inggih badan kawula ||

74. sampeyan santanèng aji | môngsa nuntên kalakona | dados pambucalan awon | pasthi yèn badan kawula | uthik-uthik gêgêbal | kang pinanjêr ngalun-alun | gumujêng radèn apatya ||

75. nadyan silih awak mami | ya radèn môngsa bêdaa | kaya ujarmu mangkono | mungguh panjênêngan nata | nora tolih santana | lah iya ing besuk dalu | sira radèn lumakua ||

76. atêtêmua pribadi | sira lawan Si Sapanjang | miwah Si Kapitan Singsèh | yèn sang nata wus ambuwang | marang ing wadya Cina | amung iya raganingsun | kang maksih bangêt angeman ||

77. nanging ajrih ing narpati | yèn nora anglakonana | besuk yèn wus praptèng êndon | wong Cina yèn uwus lunga | têka tanah Samarang | môngsa bodhoa sirèku |

--- 25 : 51 ---

radèn agawe tarekah ||

78. nora akon nora mênging | ingsun radèn lawan sira | amung donganingsun bae | besuk sun kanthèni sira | Dyan Martapura nêmbah | umatur saha wêtu luh | kawula mugi angsala ||

79. pangèstu paduka ugi | dêmi Allah Rasulollah | kawula tan nêdya wawoh | inggih lawan pun Walônda | dene ratu kawula | wadya Kumpêni angukup | kula tan purun anuta ||

80. ngawulèng Allah pribadi | yèn sang nata misih karsa | angadêgakên panggunge | jagat kantuna sabendha | môngsa nêdyaa ginggang | ing ayahan sang aprabu | lêbura dèn kadi kisma ||

81. tan anêdya malih kapti | yèn sampeyan tulus cidra | punapadene sang katong | môngsa kawula anuta | nadyan dhatênga pêjah | kulit daging lan bêbalung | sampun pinêtak ing lêmah ||

82. dèn gêgêcaka ing benjing | winora lan mimis obat | binêdhilana ing mungsoh | Kumpêni turun nêmbêlas | anak putu kawula | sampun wontên ingkang wawuh | inggih kalawan Walônda ||

83. Martapura awotsari | lèngsèr saking ngarsanira | ya ta ing pêndhak dalune | mring pondhokipun wong Cina | wus panggih lan Sapanjang | miwah Singsèh wus acundhuk | lawan Radèn Martapura ||

84. Martapura angling aris | bapak manira dinuta | angiras lakuku dhewe | kalamun sri naranata | wus buwang mring wong Cina | bala Kumpêni

--- 25 : 52 ---

kinukup | nanging rahadèn apatya ||

85. maksih angeman ing batin | nanging wêdi kawêntara | dadya dèn pasrahkên mring ngong | yèn sira besuk ginusah | lumayua mangetan | Singsèh Sapanjang wêtu luh | iya radèn sun tarima ||

86. nanging sira aywa lali | nuli nusula maringwang | aturêna tabeningong | mring Radèn Natakusuma | wus amit Martapura | radèn patih kang winuwus | nimbali sagung punggawa ||

87. Ki Tumênggung Rajaniti | Radèn Malayakusuma | Radèn Wiryadiningrate | lan Tumênggung Mangkuyuda | Tumênggung Wiraguna | tuwin Radèn Singaranu | lawan Radèn Mangkupraja ||

88. Mangunnagara lan malih | Rahadèn Sujanapura | punggawa pasisir kabèh | sampun mungèng ngarsanira | radèn rêkyana patya | pangandikanira arum | puniki pikir manira ||

89. timbalane sri bupati | kinèn nuli anggêcaka | wong Cina yèn karsaningong | sun wiwiti benjang-enjang | sadaya kalakona | timbalane sang aprabu | benjang dèn padha samêkta ||

90. kang samya dika barisi | kulon kidul lawan wetan | êlor dika towongake | yèn Kumpêni atêtanya | ngakua ajrih padha | ngungkurakên mriyêmipun | sukur si lamun wong Cina ||

91. iya padha duwe pikir | enak angadu kewala | wus padha bubara kabèh | enjang dèn padha samêkta | nêmbah sagung punggawa | bubar saking ngarsanipun | dalu datan winursita ||

92. ênjang sagung pra dipati |

--- 25 : 53 ---

samya nata barisira | budhal saking ing pakuwon | miranti sagung gêgaman | kulon kidul lan wetan | binarisan sampun kêmput | amung lor ginawe towang ||

93. wadya Kumpêni udani | lamun karêpe wong Jawa | samya masang ngatos-atos | wong Cina samya uninga | yèn wong Jawarsa gêcak | asuwarèng balanipun | saragni sarêng nanjata ||

94. wong Cina malês ambêdhil | rame dènnya bêbêdhilan | pun Sapanjang sabalane | nêmpuh baris ingkang wetan | piyak ingkang katrajang | Sapanjang sawadyanipun | pan sampun babal mangetan ||

95. dèn kêkodhol mring wong Jawi | anglurug mring bumi Dêmak | sira pun Kapitan Singsèh | angidul dènira babal | lawan sabalanira | pun Êtik lawan Ping Bulung | lawan Singsèh datan pisah ||

96. wong Cina kang samya agring | kantun anèng pamondhokan | sadaya samya pinatèn | murdane wus kinêthokan | winadhahan karanjang | katur ing dyan patih sampun | murda kinèn anglajêngna ||

97. ngêsrahkên ing komasaris | sigra lampahe kang duta | prapta nèng loji ngarsane | pinêthuk upas Walônda | duta lajêng mring ngarsa | lawan komasaris cundhuk | langkung sukane tumingal ||

98. matura tarima kasih | ing Radèn Natakusuma | duta pan wus pamit lèngsèr | Kumpêni suka sadaya | Singsèh ingkang winarna | kèndêl wontên ing Pringapus | nênggih tanah ing Bahrawa ||

--- 25 : 54 ---

99. tan pisah sawadyanèki | kang tinuding ambujunga | Radèn Sujanapurane | lan radèn patih utusan | pêparing maring Cina | nênggih yatra gangsal atus | lan sênapan kalih dasa ||

100. myang Sapanjang dèn kintuni | gangsal atus ingkang yatra | lawan sênapan salawe | Sapanjang dènnya lumaywa | kèndêl ing bumi Dêmak | ing Wotan wastane dhusun | wus umadêg barisira ||

101. Kapitan Singsèh winarni | miyarsa yèn tinututan | Radèn Sujanapurane | gepok angetan lampahnya | anjog ing bumi Dêmak | lan Sapanjang wus akumpul | samya baris anèng Wotan ||

102. rahadèn rêkyana patih | nênggih wau kang winarna | nimbali Martapurage | wus prapta ing ngarsanira | radèn patih ngandika | dandana sira sun utus | marang nagri guladrawa ||

201. Dhandhanggula

1. aturêna radèn layang iki | iya marang kangjêng sri narendra | yèn sira ngandikan dhewe | matura ing sang prabu | yèn wong Cina mangkya wus barsih | saking tanah Samarang | angetan lumayu | samyanjog ing bumi Dêmak | atur sêmbah Rahadèn Martapuraglis | lèngsèr saking ngayunan ||

2. lajêng lampahira sawadyèki | tan winarna ing awan wus prapta | ing Kartasura enjinge | tumanduk ing Tumênggung | Tirtawiguna wus apanggih | lajêng kabêkta seba | marang jro kadhatun | ing srimanganti gya prapta | angaturi uninga wus dèn timbali | lawan Tirtawiguna ||

--- 25 : 55 ---

3. sapraptanirèng ngabyantaraji | Martapura nêmbah atur sêrat | pinundut tinupiksage | kadriya ponang têmbung | aturira radèn apatih | sang nata angandika | hèh Martapurèku | pira Cina kang kacandhak | matur nêmbah inggih gusti winatawis | kang pêjah wolung dasa ||

4. sri nanendranarendra. angandika malih | Martapura mêtua rèrèna | ing benjang sebaa manèh | nêmbah Martapura wus | mêdal saking ing dalêm puri | sapraptanirèng jaba | anggraitèng kalbu | patute ingsun sebaa | bêsuk-esuk cinêkêl ing sri bupati | pinaringkên Walônda ||

5. angur silih minggata tumuli | asuwarèng marang wadyanira | hèh wong Garobogan age | siyagaa pan ingsun | budhal mêngko ing têngah wêngi | ari tan winursita | praptèng têngah dalu | mangkat Radèn Martapura | saking praja ing marga datan winarni | wus praptèng Garobogan ||

6. angêngêrig wadya pacak baris | pan sumuyud wadyèng Garobogan | miwah ing kanan keringe | gya Tirtawiguna wus | tur uninga ing sri bupati | yèn Martapura minggat | angungun sang prabu | Tumênggung Tirtawiguna | sigra kinèn karya sêrat animbali | marang radèn apatya ||

7. sêrat dadya gandhèk wus dèn tuding | tan winarna ing marga wus prapta | nagri Samarang wong gandhèk | tinampan sêratipun | dhawuhing srat apan nimbali | radèn rêkyana patya | sandika turipun | gandhèk pan sampun tinulak | sira radèn [radè...]

--- 25 : 56 ---

[...n] rêkyana patih ngundhangi | ing wadya asadhiya ||

8. lawan ingkang putra dèn timbali | kang nama Dyan Dipati Janingrat | pan pinundhut pamomonge | Ki Mangunonêng iku | saking ingkang rama rumiyin | duk Radèn Jayaningrat | ginanjar sang prabu | umadêg ing Pangangsalan | Mangunonêng pinaringkên putranèki | kang kinèn amomonga ||

9. Mangunonêng wus pinundhut malih | mring kang rama dalu tinimbalan | sapraptanirèng ngarsane | radèn apatih muwus | maring Mangunonêng bêbisik | hèh Mangunonêng sira | sun pundhut patimu | wong ing Pathi ayomana | lan maninge sun angrungu warta dhingin | yèn Si Êtik wong Cina ||

10. angrawati marang Si Garêndi | yèn katêmu sira upayaa | yèn karuhan panggonane | bêbakalana ratu | akanthia Cina sirèki | pasisir irupana | yèn wis dadi besuk | nuli matura maringwang | yèn pinarêng sun tutugêne pribadi | Mangunonêng tur sêmbah ||

11. inggih sandika datan gumingsir | nadyan lêbura kadya pratala | anglampahi ayahane | gya pinaringan sampun | yatra gangsal atus lan karbin | bainèt kawan dasa | lawan waosipun | kawan dasa wus tinampan | rampung ingkang pitungkas mangkat ing ratri | saking ing Paterongan ||

12. radèn patih animbali malih | abdiniraran Partawijaya | sapraptanirèng ngarsane | ya ta ngandika arum | ingsun duta sira ing

--- 25 : 57 ---

benjing | wong Lasêm ayomana | ing sapungkur ingsun | mulih marang Kartasura | yèn Si Mangunonêng ngadêgakên baris | sira têka nêpunga ||

13. atur sêmbah Partawijayaglis | pinaringan arta myang busana | lèngsèr ing dalu lampahe | nimbali malih wau | sira radèn rêkyana patih | kêkalih kang punggawa | Padmanagarèku | ing Dêmak lan Suranata | sapraptane ing ngarsa dèn bêbisiki | besuk sapungkur ingwang ||

14. sira muliha mring Dêmak aglis | besuk yèn ana adêg-adêgan | nuli têpungana bae | tur sêmbah kalihipun | pan sandika aturirèki | ing dalu tan winarna | ya ta enjingipun | Rahadèn Natakusuma | animbali Rôngga TisnawijayèkiTiksnawijayèki. | saking loji wus prapta ||

15. angandika sira radèn patih | sira Rôngga marmane sun undang | awèha wêruh dèn age | iya maring kumêndur | apadene mring komasaris | yèn ingsun tinimbalan | marang ing sang prabu | mulih marang Kartasura | bokmanawa ana karsaning Kumpêni | sira Rônggatur sêmbah ||

16. lèngsèr saking ngarsanira aglis | lampahira ing loji wus prapta | katur sasolah-solahe | nênggih maring kumêndur | tuwin dhatêng ing komasaris | nulya manggil saksana | ing Alpèrès Undrup | dinuta mring Paterongan | apanggiha lan radèn rêkyana patih | pan sampun pinitungkas ||

17. tan adangu lampahira prapti | pasanggrahan tumamèng [tu...]

--- 25 : 58 ---

[...mamèng] byantara | cundhuk sigra atur tabe | sira Ondorop matur | marang radèn rêkyana patih | kula radèn dinuta | nênggih tabenipun | sudara tuwan katiga | tabenipun katura ing sri bupati | lan malih kang pitungkas ||

18. tuwan matura ing sri bupati | Kumpêni kang anèng Kartasura | komasaris panuwune | pan inggih sang aprabu | ngantukna mring Kumpêni malih | manthuk radèn apatya | iya ingong matur | Ondrop malih aturira | lan kawula matur ing radèn pribadi | katura ing sang nata ||

19. yèn akarsaa jinaga malih | mring Kumpêni kula pinundhuta | radèn apatih wuwuse | luwih bêgjanirèku | ingsun matur ing sri bupati | Ondrop matur tarima | kasih anulyasung | sanjata alus apanjang | angandika rahadèn rêkyana patih | iki kang awèh sapa ||

20. iya apa saking komasaris | kang akirim sênapan maringwang | iya apa sira dhewe | matur Alpèrès Ondrup | inggih saking kula pribadi | mèsêm rahadèn patya | trima kasih ingsun | sampuning têlas bicara | anulyamit Ondrop lampahira prapti | ing loji wus apanggya ||

21. lan kumêndur miwah komasaris | ngaturakên tabene Rahadyan | Natakusuma solahe | dinuta sampun katur | radèn patih ingkang winarni | pêparentah sadhiya | marang punggawagung | yèn arsa budhal ing benjang | tan winarna ing dalu wuwusên enjing | kumrab kang balakuswa ||

--- 25 : 59 ---

22. budhal saking nagari Samawis | sira Dipati Natakusuma | gumuruh wadyabalane | pra dipatya tan kantun | mung punggawèng pasisir sami | kalilan umantuka | ya ta lampahipun | Rahadèn Natakusuma | tan winarna ing marga sampun aprapti | nagari Kartasura ||

23. lajêng saos marang srimanganti | tur uninga sigra tinimbalan | lawan Tirtawigunane | prapta ing ngarsa prabu | atur sêmbah radèn apatih | mangaras padèng nata | ngandika sang prabu | hèh paman sira bagea | nêmbah nuhun rahadèn rêkyana patih | ngaturkên tabenira ||

24. pun kumêndur lawan komasaris | kaatura ing paduka nata | kalawan gusti malihe | anyanthèlakên atur | sakathahe bala Kumpêni | kang wontên Kartasura | punika dèn suhun | yèn lêga tyas padukendra | ingantukna dhatêng ing Kumpêni malih | manthuk sri naradipa ||

25. lawan malih wontên kang Kumpêni | kang ingutus manggihi kawula | punika sangêt ature | yèn akarsa sang prabu | jinagana Kumpêni malih | malampah pinundhuta | wastanipun Ondrup | bagus tur maksih neneman | anyukani sanjata alus sarakit | inggih dhatêng kawula ||

26. ngandikalon wau sri bupati | apa iku karêpe kang duta | iyapa karêpe dhewe | radèn patih wotsantun | inggih môngsa borong narpati | sang nata angandika | hèh Tir kayapèku | Tirtawigunatur sêmbah | luwangipun gusti mênggahing Kumpêni | tan [ta...]

--- 25 : 60 ---

[...n] purun salah karya ||

27. saking sagêdipun angalingi | dhatêng ingkang akèngkèn punika | sang natalon timbalane | layak mangkono iku | hèh ta sira paman apatih | ywa pêgat anggêgabah | ing wadyanirèku | bok dawa kang pagawean | atur sêmbah rahadèn rêkyana patih | prakawis ari nata ||

28. Pangran Rôngga Pangran Mangkubumi | tuwin Pangeran Dipanagara | pun Arya Pringgalayane | punapa ta pukulun | inggih botên dipun timbali | sang nata angandika | iya Tir dèn gupuh | sira agawea layang | animbali marang ing si adhi-adhi | lawan Si Pringgalaya ||

29. nêmbah mêdal kang punggawa kalih | sira Arya Anatakusuma | sapraptanirèng dalême | kang para garwa mêthuk | samya nguswa suku manangis | ketang sruning pawarta | duk andon prang pupuh | tan winarna solahira | dènnya onêng-onêngan mring para rabi | gantya kang kawuwusa ||

158. Radèn Mas Garêndi jumênêng nata wontên ing Pathi, ajêjuluk Prabu Kuning

30. Martapura kang apacak baris | budhal saking nagri Garobogan | mring bumi Dêmak jujuge | samana wus akumpul | lan wong Cina sampun apanggih | lawan Singsèh Sapanjang | suka ing tyasipun | sira pun Singsèh Sapanjang | nulya sira pun Êtik atur upaksi | yèn angrawati bocah ||

31. duk Rahadèn Wiramênggalèki | tinêlasan punika binêkta |

--- 25 : 61 ---

mring pun Tik dèn singkirake | kêkalih tunggilipun | Radèn Êmas Grêndi satunggil | lan Radèn Mas Sarada | nênggih kang sêsunu | pangeran ing Têpasana | Mas Sêrada Radèn Jayakusumèki | ingkang darbe atmaja ||

32. singsèh Sapanjang lingira aris | yèn mangkono bok ginawe raja | kaya priye iku Radèn | Martapura amuwus | iya bêcik bapak upami | sang nata tulus buwang | mring wong Cina iku | apadene Si Walônda | anêdya amatèni mring awak iki | yêkti sajang ing ajang ||

33. saolèh-olèh ambila wani | aran dhèwèk wong kinaniaya | Sapanjang malih atakèn | Radèn Garêndi iku | iya apa sanake nênggih | mring rajèng Kartasura | Martapura muwus | mulane puniku wênang | dadya ratu dene santanèng narpati | prabu ing Kartasura ||

34. Singsèh Sapanjang angucap malih | yèn sanake Prabu Kartasura | bokne iku goroh manèh | tiru santananipun | Martapura gumuyu angling | iya kang ora-ora | ingsun kang ananggung | yèn kongsia madêg nata | Mas Garêndi manira kang anandhoni | kongsia duwe ala ||

35. Kapitan Panjang ngucap ambêkis | pasthi tiru kang aduwe darah | iya radèn kowe bae | sun adêgakên ratu | aran sira padha wong Jawi | sumaur Martapura | pan sarwi gumuyu | puniku dede rêrasan | boya kêna manira madêg narpati | lan sarwi kipa-kipa ||

--- 25 : 62 ---

36. ingsun dudu trahing narapati | pan trah-tumêrah abdining nata | utik-utik salamine | Radèn Garêndi iku | iya patut dadi narpati | mêngku rat tanah Jawa | pan lêluhuripun | iya bapak dèn pitaya | mupung nistha ingadêgakên narpati | pasthi wruh kabêcikan ||

37. iya apan tatane wong Jawi | nora kêna iya singa wonga | lamun ta dudu bèbète | kang duwe praja iku | yèn sok wonge madêg narpati | môngsa uripe waras | mati dèn karubut | ing pênthung maring wong desa | saparane môngsa nêmua basuki | sapa kang gêlêm nêmbah ||

38. Kapitan Panjang mèsêm dènnyangling | iya môngsa ta bodhoa sira | ing ala lawan bêcike | dyan ingaturan sampun | wau sira Radèn Garêndi | Sapanjang undhang-undhang | marang ing wadyagung | sadaya kinèn sanega | miwah Radèn Martapura angundhangi | karya taratag rambat ||

39. sampun kumpul sakathahing baris | mukul bêndhe bèri pan gumêrah | awor kêkênthung swarane | Radèn Martapura wus | nabuh kodhokngorèk ngrêrangin | Radèn Grêndi sayaga | linênggahkên sampun | ing tarub munggèng dhêdhampar | ingundhangkên bisikanira narpati | wus samya ingèstrènan ||

40. Susunan Mangkurat Prabu Kuning | saha Senapati Ing Ngalaga | Ngabdurahman Sayidine | Panata Agamèku | wus misuwur ing kanan keri | bumi Dêmak ing Wotan | ana madêg ratu | apan [apa...]

--- 25 : 63 ---

[...n] ta trahing kusuma | suyud bumi Dêmak ingkang kanan keri | gantya kang winursita ||

41. sapraptane Mangunonêng Pathi | lajêng pacak baris padhusunan | wong desa sumuyud kabèh | ing Pathi kang palungguh | duk samana Dyan Mêgatsari | ingantêp paran karsa- | nira apa mêthuk | ing yuda punapi boya | yèn magut prang ing benjing kula anggitik | inggih dipun atanggah ||

42. yèn lolosa kawula aturi | sikêp tundhan botên munasika | ing lampah sampeyan radèn | sapa mirsanirèku | Radèn Arya Pamêgatsari | dhasar wongira têlas | sumuyud ing musuh | langkung angênês ing driya | nulya kesah Radèn Arya Mêgatsari | saking nagri Santênan ||

43. Mangunonêng pan anuding mantri | angatêra maring radèn arya | ywa kari sakagungane | miyos ing Cêngkalsèwu | pan ing Pathi wus dèn êbroki | mring Mangunonêng sigra | saha wadyanipun | wus andadi barisira | wau Partawijaya ing Lasêm prapti | wus awor barisira ||

44. Mangunonêng amiyarsa warti | lamun sira Radèn Martapura | wus angadêgakên rajèng | ingkang jinunjung ratu | apan iya Radèn Garêndi | ngrasa kantun ing karsa | kadhinginan laku | gunêm lan santananira | Kartawirya Ki Mangunonêng sêdyèki | karya dora sêmbada ||

45. utusan marang Martapurèki | saha sêrat mêsat dutanira | asigra-sigra lampahe | ing marga [mar...]

--- 25 : 64 ---

[...ga] tan winuwus | ing nagari Dêmak wus prapti | pasanggrahan ing Wotan | wau kang jinujug | wus panggih lan Martapura | sêrat katur tinampan tinupiksaglis | bêbukaning kang salam ||

46. sasampune salam kula adhi | inggih lampah kawula punika | radèn patih timbalane | kinèn angupayèku | Mas Garêndi lamun kapanggih | inggih bêbakalana | ngadêgakên ratu | lan kawula binêktanan | upacara dandanan wong madêg aji | lawan ta kinèn bêkta ||

47. inggih dhatêng nagari ing Pathi | umadêga wontên ing Santênan | dene ta adhi ing mangke | lampah kula akantun | môngsa borong karsane adhi | lamun kenging punika | ing salêrêsipun | têdhaka dhatêng Santênan | yèn lêgèng tyas kawula mêthuk mondhongi | dhatêng nagari Dêmak ||

48. kapitèng tyas Ki Martapurèki | surat winaos ing ngarsanira | Sapanjang kalawan Singsèh | sukèng tyas miyarsèku | ngrasa lamun prapta ing batin | pangukupe Rahadyan | Natakusumèku | Kapitan Sapanjang ngucap | yèn mangkono radèn payo marang Pathi | aran ingkang timbalan ||

49. iya rahadèn rêkyana patih | lawan Si Mangunonêng kang gawa | dandanan upacarane | wong ngadêgakên ratu | pan nagari Pathi abêcik | panggonan tata-tata | parabot prang pupuh | Singsèh samya suka ing tyas | sira Radèn Martapura anuruti | ngandika marang duta ||

50. duta

--- 25 : 65 ---

Pathi muliha siraglis | iya matura maring si kakang | amapaga dipun age | iya samangsanipun | sri narèndra ingsun aturi | têdhak maring Santênan | duta amit mantuk | sigra-sigra lampahira | tan winarna ing marga wus praptèng Pathi | caraka matur nêmbah ||

51. inggih ingkang pitungkas sang ari | Martapura paduka mêthuka | dhatêng ing Dêmak dèn age | inggih samangsanipun | Prabu Kuning dipun aturi | myang sagung wadya Cina | suka ing tyasipun | Ki Mangunonêng sayaga | wus samakta gya budhal saking ing Pathi | umung kang balakuswa ||

52. tan winarna lampahirèng margi | sampun prapta ing nagari Dêmak | ing Wotan pasanggrahane | Radèn Martapurèku | manahira sandeyèng batin | baris pêndhêm prayitna | samana wus cundhuk | pan sampun ajawat asta | Mangunonêng lan Radèn Martapurèki | tata samya alênggah ||

53. Singsèh Sapanjang samya manggihi | nèng pondhoke Radèn Martapura | Ki Mangunonêng têmbunge | adhi nênggih rumuhun | kang timbalan radèn apatih | mila kula dinuta | ambakali ratu | ing kangjêng gusti punika | inggih saking ngraos cuwaning kang galih | gènnya karya lampahan ||

54. sapunika timbalane nguni | yèn Si Garêndi wus madêg nata | awèha wêruh dèn age | sun tutugêne besuk | iya ingsun arsa ngayoni | marang wong Kartasura | kang culikèng kalbu | miyarsa Singsèh Sapanjang | samya suka [su...]

--- 25 : 66 ---

[...ka] myang Radèn Martapurèki | alon ing wuwusira ||

55. yèn makatên pun kakang ing mangkin | kula pasrah wong Jawa punika | môngsa boronga pangrèhe | dika silih jêjuluk | pan pun kakang minôngka wakil | dhatêng radèn apatya | pênêd-pênêdipun | andika nama dipatya | yèn sêmbada pun kakang Dipati Pathi | punika pan prayoga ||

56. dene kawula silih wêwangi | Radèn Tumênggung Sujanapura | suwawi umarêk age | ing gusti sang sinuhun | sigra sowan punggawa kalih | miwah Singsèh Sapanjang | prapta ngarsanipun | wau sang nata taruna | mangras pada Ki Mangunonêng manangis | akathah aturira ||

57. ngaturakên upacantên adi | salir ingkang busana karatwan | sang nata langkung sukane | dènnya miyarsa wau | lamun radèn rêkyana patih | kang ngutus bakalana | adêgirèng ratu | angrasa yèn wus kaasta | tanah Jawa mangkana wus dèn idini | Mangunonêng kang nama ||

58. ajêjuluk Adipati Pathi | miwah sira Radèn Martapura | sampun ingidèn namane | nênggih radèn tumênggung | pan Sujanapura namèki | wau ta kang winarna | sira Ki Tumênggung | Padmanagara ing Dêmak | lawan Radèn Suranata wus miyarsi | sadhiya saha bala ||

59. seba maring sang umadêg aji | lampahira wus prapta ing Wotan | cundhuk punggawa kalihe | lawan Radèn Tumênggung | Sujanapura kalawan malih |Lebih satu suku kata: Sujanapura lawan malih. Adipati Santênan | katur solahipun | duk kalane pinitungkas |

--- 25 : 67 ---

nênggih marang rahadèn rêkyana patih | samya suka miyarsa ||

60. wusnya dadya rêmbag gya ngundhangi | budhal maring nagari Santênan | gumuruh wadyabalane | datan kawarnèng ênu | sampun prapta nagari Pathi | sang nata wus ngadhatyan | gwanira dinunung | pan ing dalêm kadêmangan | kang punggawa atata pakuwonnèki | ambèr kang balakuswa ||

61. duk samana Adipati Pathi | pirêmbagan lan sagung dipatya | yèn arsa winangun malèh | pangadêgirèng ratu | kastrènana tataning jawi | sira Singsèh Sapanjang | jumurung ing kayun | apa tatane wong Jawa | Sang Dipatya Pathi ngumpulakên aglis | mukmin para ngulama ||

62. sarta amêtis kêbo lan sapi | duk samana nuju dina Soma | ngundhangi wadyabalane | baris ing alun-alun | gêgaman lir prawata gêni | miyos sang prabu jaka | munggèng tarub agung | pinarak anèng dhêdhampar | alêlamak kang babud sinuji-suji | asri kang upacara ||

63. pawongan cèthi ngayap ing wuri | aglar ing ngarsa mantri punggawa | para ngulama kerine | myang Cina kananipun | sigra ngadêg Dipati Pathi | pan sarwi undhang-undhang | ing wadyabalagung | kabèh padha ngèstrènana | lamun ingsun umadêgakên narpati | Prabu Kuning Mangkurat ||

64. para ngulama asaur pêksi | nulya samya andonga karatwan | sawusnya gong bèri rame | salomprèt myang kêkênthung | tuwin kodhokngorèk munya tri | rame kang barondongan |

--- 25 : 68 ---

surak tri gumuruh | ambêngan gili kang mêdal | wus tinata kang wadya samya abukti | sang nata wus luwaran ||

65. wus sumuyud nagri kanan keri | Kudus Rêmbang Lasêm lan Juwana | ing Tanjung Dêmak wus dene | Grobogan Cêngkalsèwu | pêparentah Dipati Pathi | angêlar kang jajahan | pra mantri tinuduh | lumampah nênêlukêna | mring nagara kang têbih lawan ing Pathi | wus akathah kang prapta ||

66. ênêngakna nagari ing Pathi | ya ta rahadèn rêkyana patya | mangkana winarna malèh | kala saunduripun | sing Samarang amangun jurit | ingandikan sang nata | ri sampuning rawuh | nagari ing Kartasura | duk samana anênggih wontên pawarti | wong Cina anèng Dêmak ||

67. sigra punggawa ingkang tinuding | nama Ngabèi Sutawijaya | sampun budhal sawadyane | dene ing lampahipun | anglurugi Cina kang taksih | wontên ing bumi Dêmak | nênggih lampahipun | apan mêdal ing Samarang | sapraptane kapanggih lawan Kumpêni | lajêng dhatêng ing Dêmak ||

68. ri sampuning mangkana anuli | Rôngga Yudanagara Samarang | ingandikan ing sang rajèng | dhatêng Kartasurèku | sasêntana binêkta sami | sapraptaning nagara | Kartasura laju | ingandikan mring sang nata | praptèng ngarsa gya mangaras pada aji | saha santananira ||

69. dhinawuhan andika narpati | dinangu kasalamêtanira | matur wilujêng sakabèh | sampuning têlas muwus | Ki Mas Rôngga dèn [dè...]

--- 25 : 69 ---

[...n] patêdhani | warni dhuwung satunggal | saput rantinipun | lan warni kêkalih kapal | punika patêdhanira sang narpati | dhatêng Rôngga Samarang ||

70. nuntên arsa dipun tarimani | ing putranira Pangeran Blitar | Ki Mas Rôngga ing ature | asangêt lumuhipun | dahat nuwun duka narpati | yèn katarimanana | ya ta laminipun | wontên nagri Kartasura | Ki Mas Rôngga amung tigang dalu nuli | mantuk dhatêng Samarang ||

71. ri Sampuning mangkana anênggih | nuntên Kumpêni ing Kartasura | kang karsa ingantukake | nênggih ingkang tinuduh | ngantukêna dhatêng Samawis | Tumênggung Wiraguna | lawan Singaranu | samana sampun lumampah | tan kawarna ing marga lampahnya prapti | nagari ing Samarang ||

72. lajêng lampahnya manjing jro loji | lan komasaris sampun apanggya | katiga lan kumêndure | atêtabean sampun | Singaranu Wiragunèki | sakèhe bêbêktannya | sinrahakên sampun | Kumpêni sing Kartasura | maring komasaris dahat trima kasih | saking apurèng nata ||

73. tan alami dènnya nèng Matawis | Tumênggung Singaranu kalawan | Tumênggung Wiragunane | tumuli aglis mantuk | sapraptaning Kartasurèki | ya ta kang kawarnaa | sira Ki Tumênggung | Tirtawiguna kalawan | Tumênggung Suradipura kang tinuding | dhatêng sri naranata ||

74. kinèn lumampah dhatêng Samawis | saha mawi sêrating narendra | wus umangkat sawadyane | datan kawarnèng ênu | sapraptane [saprapta...]

--- 25 : 70 ---

[...ne] nagri Samawis | sampun kinèn nglajêngna | mring loji wus pangguh | lan komasaris kalihnya | Tumênggung Tirtawiguna lan Suradi- | pura wus têtabean ||

75. surat tinampan tinupiksaglis | mring juru basa tamat winaca | pan tan ana prakawise | amung mrih kandêlipun | musnaning rêrasan ing nguni | mila Suradipura | Tirtawigunèku | tinuduh dhatêng Samarang | amirapêtêna dhumatêng Kumpêni | malar kenging bantua ||

76. tamat winaca kang ponang tulis | sigra ingurmatan ing sanjata | mariyêm myang sênapane | gumrudug swaranipun | langkung kurmatipun Kumpêni | mring Ki Tirtawiguna | lan Sradipurèku | ri sampunira mangkana | sawêdale sing loji pondhokirèki | anèng ing Gamulakan ||

77. nuntên wontên susulan kang prapti | mantri sakawan sing Kartasura | ngusulakên bêbêstane | nênggih têtiyang wangsul | palajêngan saking Batawi | kacêkêl ing Toyamas | kathahe pêpitu | apan kinèn masrahêna | mring Kumpêni Kyai Tirtawigunèki | kang kinèn ngêsrahêna ||

78. sawusing kang srah bêbêstan sami | dupi antara ing pitung dina | nuntên kapitan angkate | Hogêndhorêp namèku | minggah dhatêng Kartasurèki | ambêkta alpèrèsnya | Ohwis namanipun | lan juru tulis satunggal | Totlomondo namane kang juru tulis | Kopral Arêtman rannya ||

79. apan nênêm sradhadhunirèki | upas kêkalih nyatunggil sowang | kapitan lan [la...]

--- 25 : 71 ---

[...n] alpèrèse | pan jangkêp gunggungipun | kalih wêlas kwehning kumpê |Kurang satu suku kata: kalih wêlas kwehning Kumpêni. kang dhèrèkkên lampahnya | wong Kartasurèku | anênggih Ki Citrawôngsa | pêpatihe Kyai Tirtawigunèki | Singawijaya Kêndhal ||

80. sakawan mantri kang urut margi | kang kêkalih andhèrèkkên lampah | tan kawarna ing margane | praptèng Kartasuresuk | lajêng ingandikan narpati | sapraptanirèng ngarsa- | nira sang aprabu | angaturakên pratôndha | kapitan pratôndha saking Komasaris | Prisêl myang Tilên ika ||

81. saha ngaturkên pêthakirèki | galih ing Kumpêni mring sang nata | langkung lêganya tyas rajèng | wusing antara dalu | gènnya munggwing ngarsa narpati | kapitan kinèn mêdal | Hogêndhorêp wau | lan radyan rêkyana patya | wus pinrênah pondhok sakilèn sitinggil | samana sang narendra ||

82. atampi sêrat si komasaris | tinupiksa kapitèng wardaya | sang nata nimbali age | mring Tirtawigunèku | lawan radèn rêkyana patih | wus praptèng ngarsanira | ngandika sang prabu | hèh paman iki wong Cina | wus angrêbda miwah wadya ing pasisir | nuli pikirên enggal ||

83. yèn bêcike paman karsa mami | sira dhewe ingkang lumakua | ngadu wong pasisir kilèn | lan Si Pringgalayèku | karsaningsun majua kalih | paman mêtua wetan | Si Pringgalayèku | sira mêtua Samarang | iya sapa punggawa kang sira bagi | milu Si Pringgalaya ||

84. apadene kang milu

--- 25 : 72 ---

sirèki | nêmbah umatur rêkyana patya | sang natalon timbalane | dênê punggawa iku | jaba paman aywana kari | dene kang tunggu mringwang | iya paman namung | wadana jêro kewala | myang santana kalawan Si Rajaniti | uwis nuli mêtua ||

85. tur sêmbah mêdal radèn apatih | sapraptaning dalêm kapatihan | nimbali punggawa kabèh | prapta sadaya sampun | Radèn Arya Pringgalayèki | pan sampun dhinawuhan | timbalan sang prabu | sawusnya dadya kang rêmbag | radèn patih mung mundhut punggawa kalih | kang mêdal ing Samarang ||

86. lan kaliwonipun Rajaniti | punggawa Radèn Wiryadiningrat | Sutawijaya kalihe | punika wus karuwunkaruhun. | mangkat dhatêng Dêmak nagari | ambêrêg tiyang Cina | apan dèrèng mantuk | nêdya ngantos lampahira | kang lumurug rahadèn rêkyana patih | duk kala angkatira ||

87. antaranya kalawan dhatênging | tuwan kumêndhan ing Kartasura | lan radèn patih angkate | pan sawêg sangang dalu | nuntên radèn rêkyana patih | sadhiya saha bala | myang kang punggawagung | wus samakta ing ayuda | sawadyanya kang samya badhe umiring | lumurug ing dyan patya ||

88. budhal enjing saking ing nagari | wau Rahadèn Sujanapura | wus pinaringakên malèh | kalawan abdinipun | ingkang putra pangran dipati | kang samya pinilihan | pinaringkên sampun | ing Radèn Sujanapura | ingabêna ing radèn rêkyana patih | ri sampunira [sam...]

--- 25 : 73 ---

[...punira] bubar ||

89. gêgamanira lir prawatagni | lampahira tan kawarnèng marga | prapta pasanggrahan Lampèr | datan kawarnèng dalu | enjing têdhak radèn apatih | mring loji sampun prapta | komasaris mêthuk | ing sajawi pintunira | wusnya tabe rahadèn patih kinanthi | mring jro wus tata lênggah ||

90. pinaringkên surate narpati | maring komasaris wus tinampan | tinupiksa bêbukane | kalamun lampahipun | sira radèn rêkyana patih | kinèn anggêcak Cina | ing saênggonipun | kinên anglud saparannya | komasaris sakalangkung trima kasih | kumêndur pan mangkana ||

91. tamat winaca srat dèn urmati | mariyêm muni lir rug prabata | ri sampuning mangkanage | radyan apatih mundur | saking loji makuwon aglis | anèng ing Paterongan | tan kawarnèng dalu | enjing budhal lampahira | pan angetan ing Dêmak sêdyèng lumaris | gantya kang winursita ||

92. ing Kartasura sri narapati | wus misuwur warta yèn wong Cina | sampun angrêbda barise | anglar jajahanipun | gunung Kêndhêng ingkang rinampid | tinêlukken sadaya | jajahan wong gunung | Kêndhêng kwèh têluk ing Cina | kang wong desakèh sêgah tumut abaris | mila Dyan Pringgalaya ||

93. kang tinêdah tumidak nglurugi | mring wong Cina kang salèring arga | Kêndhêng kang ngrêbda barise | dene ta kang tinuduh | milwa Arya Pringgalayèki |

--- 25 : 74 ---

Radèn Mlayakusuma | Radèn Singaranu | Tumênggung Mangunnagara | lawan malih Tumênggung Wiragunèki | Tumênggung Mangkuyuda ||

94. Radèn Tumênggung Mangkuyudèki | sira Radèn Arya Pringgalaya | kang dadya senapatine | mangkana tan winuwus | wus samakta sagung dipati | budhal saking nagara | kang wadyakuswagung | Radèn Arya Pringgalaya | angriyini lan sagung kang pra dipati | ngalèr mêdal ing Kampak ||

95. anèng Kampak kèndêl tigang latri | wontên duta matêdhakkên yatra | kalih èwu kinèn ngangge | ganjaraning wadyagung | kang apênêd damêlirèki | miwah radèn apatya | kala lampahipun | apan kapatêdhan yatra | kawan èwu kinèn ganjarakên dasih | ingkang pênêd ing karya ||

96. sawingkingira radèn apatih | samana kangjêng sri naranata | nênggih anarimakake | kang tinrimakkên wau | Radèn Ayu Rêtnadiwati | dene kang katariman | Kumpêni ranipun | Komasaris Tilên ika | dyan apatih duk bubare sing Samawis | ika winarnèng durma ||

202. Durma

1. lampahira rahadèn rêkyana patya | dhusun Ngrangkudan prapti | lajêng masanggrahan | anganti praptanira | sagung punggawa pasisir | duk tinimbalan | kathah kang dèrèng prapti ||

2. ingkang prapta pan inggih namung ing Kêndhal | lawan ing Lèpèntangi | lan Ki Wirasastra | nanging wongira têlas | wus balik mring mungsuh lami | samya kinarya | pangajênging kang baris ||

3. Rôngga Kaliwungu lan Ngabèi [Nga...]

--- 25 : 75 ---

[...bèi] Kêndhal | lawan Wirasastrèki | wadyèng Kartasura | Kyai Sutawijaya | kalawan mantri panumping | kaliwonira | lan sapanêkarnèki ||

4. tinindhihan marang wadya kapatihan | wong jayamênggalèki | pan lêlurahira | Radèn Martataruna | lan wong tanpagêmbung nênggih | anèng Layapan | dènira pacak baris ||

5. tan alami kang baris anèng Layapan | nulya umajêng malih | dene radèn patya | ngêbroki ing Layapan | kang cucuk nèng Talagaji | kang kawuwusa | sira Dipati Pathi ||

6. sira Singsèh Sapanjang asru angucap | kadyapa ki dipati | radèn patih prapta | wadya tanpa wilangan | kadyapa kanthaning jurit | wong gawe sêmang | durung wruh tata Jawi ||

7. Ki Dipati Pathi alon wuwusira | bapak tataning Jawi | aprang têtêmênan | apatèn-pinatenan | nora angeman wong cili | suk karêksaa | dènnya karya wêwadi ||

8. dene ingkang liya rahadèn apatya | tumpêsên aywa kari | pan wong mêmungsuhan | kabèh wong Kartasura | miwah bala ing pasisir | singa kacandhak | bajang pinatèn ugi ||

9. besuk Ngahad ginitik wong Kartasura | bitinge dèn unggahi | wong Cina kang ana | ing Dêmak bantonana | dimèn anglêlèdhèk wani | rêbut jajahan | lan wong Kartasurèki ||

10. lan Ngabèi Ping Bulung parentahana | kiraba sabên enjing | dèn kalèncèrana | kang baris [ba...]

--- 25 : 76 ---

[...ris] ing Layapan | Sapanjang gya marentahi | ing wadya Cina | tri atus ambantoni ||

11. mring Ngabèi Ping Bulung kang baris Dêmak | budhal sagung prajurit | Cina kalih dasa | bandera kang lumampah | nagari Dêmak wus prapti | panggih kalawan | Ping Bulung Angabèi ||

12. dhinawuhan parèntahira Sapanjang | kiraba sabên enjing | angalèncèrana | kang baris ing Layapan | sigra Ping Bulung Ngabèi | ngundhangi bala | munya kêkênthung bèri ||

13. wus samakta budhal saking kitha Dêmak | wadyanira pinalih | mêdal ing baita | sapalih miyos dharat | asurak-surak samargi | prajurit Cina | samya gambirèng wèsthi ||

14. praptèng Kêdhungutêr kèndêl nata wadya | Ping Bulung Angabèi | asuwarèng bala | kabèh prajurit Cina | padha asoa rumiyin | kang mêtu dharat | miwah kang mêtu kali ||

15. nulya ngumpul sagunging prajurit Cina | kapala dèn undhangi | Ping Bulung sru ngucap | iya ing benjang-enjang | sun arsa angantêp jurit | biting Layapan | besuk sun obrak-abrik ||

16. nadyan silih prentahe Singsèh Sapanjang | sun kinèn ngalèncèri | iya apa guna | angur ginêpuk pisan | pan ingsun arsa ngayoni | wong Kartasura | pan ingsun durung miris ||

17. tan winarna ing dalu wuwusên enjang | samakta kang prajurit | budhal saha bala | Ping Bulung nèng baita | kang miyos dharat sapalih | praptèng Layapan |

--- 25 : 77 ---

ing wanci pacêt rakit ||

18. kawarnaa kang abaris ing Layapan | miyat Cina dhatêngi | gugup asadhiya | samana maksih nendra | rahadèn rêkyana patih | kagyat gumêrah | ing jawi wungu aglis ||

19. angandika apa rame-rame ika | kang tunggu awotsari | inggih Cina prapta | maju kalih lampahnya | sapalih miyos ing kali | sapalih dharat | têdhak radèn apatih ||

20. munggèng palataran nata wadyanira | wong jayèngastra prapti | lan wong jayantaka | kalawan wong nirmala | wong tanparaga miyosi | wong japarusa | mêdal jawining kori ||

21. lawan wadya Bagêlèn wus munggèng ngarsa | samya angagêm bêdhil | wong Sêmawung samya | watara kawan dasa | samya lancang unjuknèki | sagah nanggulang | ing Cina lawan bêdhil ||

22. samya mêntas Cina kang mêdal baita | kang dharat marêpêki | campuh kang ayuda | mamuk kang wadya Cina | rame tinadhahan bêdhil | kathah kacurnan | nanging tan dadya sakit ||

23. wong Sêmawung kathah kêni ing sanjata | datan tahan nadhahi | wadya tanparaga | lan wong jayaparusa | tan wontên tulung ing jurit | nonton kewala | pan sarwi anyuraki ||

24. dadi matur wong Sêmawung kathah pêjah | Cina angangsêg wani | nêmpuh barisira | wadya jayaparusa | lan wadya tanparagèki | sumawèng wadya | Ping Bulung Angabèi ||

25. payo amuk rangsangên bitinge enggal | Cina ngamuk mangungkih | ramya tinadhahan |

--- 25 : 78 ---

ing wadya tanparaga | lan wong jayaparusèki | abêbêdhilan | wong Cina ngamuk wani ||

26. samya mawur wong tanparaga lumaywa | wong jayaparusèki | malêdug sasaran | nanging angeri nganan | biting korine kang baris | wong jayantaka | lan wong narantakèki ||

27. katadhahan dening wadya jayantaka | rame bêdhil-binêdhil | radèn adipatya | têdhak suwarèng bala | padha mêtua dèn aglis | kang wadya kumrab | mêdal jawining biting ||

28. lajêng campuh kalawan prajurit Cina | ramya bêdhil-binêdhil | kang prajurit Cina | samya mamuk angidak | kang wadya radèn apatih | datan atahan | samya lumayu ngisis ||

29. samya ngungsi salêbêting pabitingan | ana anganan ngeri | kantun kang pra lurah | nèng jawi pabitingan | kori kantun dèn tutupi | prajurit Cina | ngangsêg angidak wani ||

30. para lurah lumaywa mring pabitingan | mènèk sangkrah kulampis | kang prajurit Cina | angrangsang pabitingan | pajagan salêbêt biting | gya inguncalan | ing êlong wus kabêsmi ||

31. apuyêngan gègère jro pabitingan | wong Cina ambêdhili | saking jawi rangkah | wau kang kawarnaa | Radèn Sujanapurèki | pakuwonira | munggèng kananirèki ||

32. êlêt sabin sabulak sampun samapta | nêdya têtulung jurit | mêdal saking kanan | lajêng nalabung yuda | ramya campuh ing ajurit | samya umiyat |

--- 25 : 79 ---

wadyane radèn patih ||

33. yèn anglambung Rahadèn Sujanapura | enggal lumaywa sami | wangsul samya mangsah | prajurit Cina panggah | Ping Bulung ingkang nindhihi | samya kotbuta | mamuk angrurah biting ||

34. sigra wau Rahadèn Wiryadiningrat | saha balaglis prapti | atêtulung yuda | sigra manêmpuh ing prang | wong Cinakwèh angêmasi | karoban lawan | samya lumaywa wingwrin ||

35. para lurah wadyane radyan apatya | mêdal samya mangungsir | tuwin wadyanira | Radèn Sujanapura | dènnya mangungsir nglancangi | akèh kacandhak | wong Cina dèn kêthoki ||

36. murdanira katur ing radèn apatya | suka dènnya ningali | wus samya ginanjar | kabèh kang angsal sirah | nyadasa kang angsal kuping | anglimang reyal | suka manahing dasih ||

37. samya mundur wau kang prajurit Cina | wangsul mring Dêmak malih | sahatur uninga | ing Radèn Martapura | lawan Sang Dipati Pathi | yèn pur ing yuda | tan asor tan ainggil ||

38. dyan siyaga sira Radèn Martapura | nêdya bantu ngajurit | mring nagari Dêmak | lawan prajurit Cina | limang atus kang dèn irid | wus praptèng Dêmak | lan Ping Bulung wus panggih ||

Lajêng nyandhak jilid: 26.

--- 25 : [0] ---

Isinipun

153. Ki Surandriya lan Ki Wôngsajaya, abdi dalêm gandhèk, katawan ing mêngsah, lajêng katur dhatêng Batawi. (Kinanthi). ... kaca 12

154. Patih Natakusuma nyenapatèni wadyabala Kartasura ingkang anggêpuk nagari Samarang. (Pangkur, Durma). ... kaca 15

155. Ingkang Sinuhun Pakubuwana bêdhami malih kalihan Kumpêni. (Dhandhanggula). ... kaca 30

156. Patih Natakusuma rumaos kèwêdan anggènipun angladosi karsanipun Ingkang Sinuhun. (Dhandhanggula, Asmaradana). ... kaca 38

157. Antêping tekadipun Radèn Martapura. (Asmaradana, Dhandhanggula). ... kaca 49

158. Radèn Mas Garêndi jumênêng nata wontên ing Pathi, ajêjuluk Prabu Kuning. (Dhandhanggula, Durma). ... kaca 60