Sastra Jawa

Program Digitalisasi Sastra Daerah

  • Increase font size
  • Default font size
  • Decrease font size

Babad Tanah Jawi, Balai Pustaka, 1939-41, #1024 (Jilid 28)

Katalog:Babad Tanah Jawi, Balai Pustaka, 1939-41, #1024
Sambung:
1.Babad Tanah Jawi, Balai Pustaka, 1939-41, #1024 (Jilid 01). Kisah, Cerita dan Kronikal | Babad Tanah Jawi #1010.
2.Babad Tanah Jawi, Balai Pustaka, 1939-41, #1024 (Jilid 02). Kisah, Cerita dan Kronikal | Babad Tanah Jawi #1011.
3.Babad Tanah Jawi, Balai Pustaka, 1939-41, #1024 (Jilid 03). Kisah, Cerita dan Kronikal | Babad Tanah Jawi #1012.
4.Babad Tanah Jawi, Balai Pustaka, 1939-41, #1024 (Jilid 04). Kisah, Cerita dan Kronikal | Babad Tanah Jawi #1013.
5.Babad Tanah Jawi, Balai Pustaka, 1939-41, #1024 (Jilid 05). Kisah, Cerita dan Kronikal | Babad Tanah Jawi #1014.
6.Babad Tanah Jawi, Balai Pustaka, 1939-41, #1024 (Jilid 06). Kisah, Cerita dan Kronikal | Babad Tanah Jawi #1015.
7.Babad Tanah Jawi, Balai Pustaka, 1939-41, #1024 (Jilid 07). Kisah, Cerita dan Kronikal | Babad Tanah Jawi #1016.
8.Babad Tanah Jawi, Balai Pustaka, 1939-41, #1024 (Jilid 08). Kisah, Cerita dan Kronikal | Babad Tanah Jawi #1017.
9.Babad Tanah Jawi, Balai Pustaka, 1939-41, #1024 (Jilid 09). Kisah, Cerita dan Kronikal | Babad Tanah Jawi #1018.
10.Babad Tanah Jawi, Balai Pustaka, 1939-41, #1024 (Jilid 10). Kisah, Cerita dan Kronikal | Babad Tanah Jawi #1019.
11.Babad Tanah Jawi, Balai Pustaka, 1939-41, #1024 (Jilid 11). Kisah, Cerita dan Kronikal | Babad Tanah Jawi #1020.
12.Babad Tanah Jawi, Balai Pustaka, 1939-41, #1024 (Jilid 12). Kisah, Cerita dan Kronikal | Babad Tanah Jawi #1021.
13.Babad Tanah Jawi, Balai Pustaka, 1939-41, #1024 (Jilid 13). Kisah, Cerita dan Kronikal | Babad Tanah Jawi #1022.
14.Babad Tanah Jawi, Balai Pustaka, 1939-41, #1024 (Jilid 14). Kisah, Cerita dan Kronikal | Babad Tanah Jawi #1023.
15.Babad Tanah Jawi, Balai Pustaka, 1939-41, #1024 (Jilid 15). Kisah, Cerita dan Kronikal | Babad Tanah Jawi #1024.
16.Babad Tanah Jawi, Balai Pustaka, 1939-41, #1024 (Jilid 16). Kisah, Cerita dan Kronikal | Babad Tanah Jawi #1025.
17.Babad Tanah Jawi, Balai Pustaka, 1939-41, #1024 (Jilid 17). Kisah, Cerita dan Kronikal | Babad Tanah Jawi #1026.
18.Babad Tanah Jawi, Balai Pustaka, 1939-41, #1024 (Jilid 18). Kisah, Cerita dan Kronikal | Babad Tanah Jawi #1027.
19.Babad Tanah Jawi, Balai Pustaka, 1939-41, #1024 (Jilid 19). Kisah, Cerita dan Kronikal | Babad Tanah Jawi #1028.
20.Babad Tanah Jawi, Balai Pustaka, 1939-41, #1024 (Jilid 20). Kisah, Cerita dan Kronikal | Babad Tanah Jawi #1029.
21.Babad Tanah Jawi, Balai Pustaka, 1939-41, #1024 (Jilid 21). Kisah, Cerita dan Kronikal | Babad Tanah Jawi #1030.
22.Babad Tanah Jawi, Balai Pustaka, 1939-41, #1024 (Jilid 22). Kisah, Cerita dan Kronikal | Babad Tanah Jawi #1031.
23.Babad Tanah Jawi, Balai Pustaka, 1939-41, #1024 (Jilid 23). Kisah, Cerita dan Kronikal | Babad Tanah Jawi #1032.
24.Babad Tanah Jawi, Balai Pustaka, 1939-41, #1024 (Jilid 24). Kisah, Cerita dan Kronikal | Babad Tanah Jawi #1033.
25.Babad Tanah Jawi, Balai Pustaka, 1939-41, #1024 (Jilid 25). Kisah, Cerita dan Kronikal | Babad Tanah Jawi #1034.
26.Babad Tanah Jawi, Balai Pustaka, 1939-41, #1024 (Jilid 26). Kisah, Cerita dan Kronikal | Babad Tanah Jawi #1035.
27.Babad Tanah Jawi, Balai Pustaka, 1939-41, #1024 (Jilid 27). Kisah, Cerita dan Kronikal | Babad Tanah Jawi #1036.
28.Babad Tanah Jawi, Balai Pustaka, 1939-41, #1024 (Jilid 28). Kisah, Cerita dan Kronikal | Babad Tanah Jawi #1037.
29.Babad Tanah Jawi, Balai Pustaka, 1939-41, #1024 (Jilid 29). Kisah, Cerita dan Kronikal | Babad Tanah Jawi #1038.
30.Babad Tanah Jawi, Balai Pustaka, 1939-41, #1024 (Jilid 30). Kisah, Cerita dan Kronikal | Babad Tanah Jawi #1039.
31.Babad Tanah Jawi, Balai Pustaka, 1939-41, #1024 (Jilid 31). Kisah, Cerita dan Kronikal | Babad Tanah Jawi #1040.

Regi f 0.50

Babad Tanah Jawi

Jilid: 28

Bale Pustaka - Batawi Sèntrêm

--- 28 : [1] ---

Serie No. 1289aa

Babad Tanah Jawi

Jilid: 28

Ingkang Sinuhun Pakubuwana II sèlèh kaprabon, lajêng jêjuluk Panêmbahan Brawijaya. Pangeran Adipati Anom jêjuluk Prabu Jaka inggih Susuhunan Bauwarna

Bale Pustaka - Batawi Sèntrêm - 1941

--- 28 : [2] ---

Wêwênangipun ingkang ngarang kaayoman miturut anggêr ingkang kapacak ing Sêtatsêblad 1912 No. 600

--- 28 : [3] ---

Ingkang Sinuhun Pakubuwana II kapanggih kalihan Sunan Lawu

12. andima paraganingsun | nyênyèthi ing sri bupati | ngong trusing abdi tumêrah | môngka lampon ing abrangti | mangkya sang aprabu papa | dasihe arsa belani ||

13. lapa lupae sang kayun | tuwin langêning akrami | tan môntra-môntra nèng nala | mung tyas sun rumêksèng gusti | ketang wlasingsun kewala | dènnya subrata abrangti ||

14. sun têtêdhaa Hyang Agung | gustiku sri narapati | tinarimaa dening Hyang | iba pa lanang ajurit | kang mungsuh Cina kalaha | tumpêsa aywana kari ||

15. kapyarsa de sang aprabu | kang garwa lêngganèng galih | miyos saking pamêlêngan | malaning nala mudhari | wêdharing lapa lêpiyan | ing graharsa marêpêki ||

16. dhuh dyah ratuning rum-arum | saha bawa kaduk manis | manising mor ing wacana | trusing tyas trêsna ing krami | sirarsa belani lapa | aywa kudu lupèng bukti ||

17. pan wus sun tarima masku | tegakêna angga mami | de ngong lagya kasangsaya | wisaning ragangong lagi | winasuh de Hyang kang Murba | sinung papa ing palinggih ||

18. anggèr pirabara besuk | ywan wus tinarimèng Widi | mulih marang Kartasura | amêngku kaprabon malih | nèng jro pura mong asmara | anungkua siyang ratri ||

19. sang dyah mingsêg awêtu luh |

--- 28 : 4 ---

umatur saha wotsari | dhuh gusti sampun pinanjang | cagêr misesèng jro puri | mangkya duk papa nèng wana | ilang wanguning bupati ||

20. angêla-êla maringsun | besuk umadêga malih | môngsa uga ngrawatana | mring gadibal Pranaragi | yèn mangku rat tanah Jawa | kathah dèn tingali malih ||

21. sri narendra anguswasru | gumujêng sarwa ngrih-arih | kasaru wontên caraka | prapta saking Pranaragi | utusanira Dipatya | Suradiningrat lan malih ||

22. Dipati Wirarêjèku | samya ngaturi upaksi | lamun wontên sêrat prapta | saking ing Kartasurèki | pun Mangunonêng têmbungnya | amilutèng amrih kêni ||

23. nira wau sang aprabu | kapikuta ing Dipati | Suradiningrat ing benjang | ginanjar ing Prabu Kuning | kasrah sawetaning arga | Lawu bang-êbangirèki ||

24. angandika sang aprabu | marang duta Pranaragi | muliha warahên enggal | iya paman adipati | layang dèn wêwangsulana | iku dèn sôngga akrami ||

25. kang caraka nêmbah mundur | lajêng lampahe wus prapti | ing Pranaraga wus panggya | dhawuh timbalan narpati | Dipati Suradiningrat | sêrat nulya dèn angsuli ||

26. kinamandaka ing têmbung | amrih kagoling ajurit | mangkana wau sang nata | kang anèng Sawo lagyamrih | pitulungirèng Hyang Suksma | maladi samadi êning ||

27. sare naritis ing dalu | wadya ingundhangan sami | samya tilêm akêkadhar | angirangi têdha [tê...]

--- 28 : 5 ---

[...dha] guling | yèn siyang arêrêmbagan | samana wontên winarni ||

28. wontên wadya santri rawuh | Durahman wastanirèki | mantunira Ki Muhkamat | ing Majasêm duk ing nguni | ingandhêg mring Bangsantaka | ingunjukakên narpati ||

29. tinarima aturipun | Bangsantaka mring narpati | Durahman pangabdinira | apan wus kinèn anunggil | marang sira Bangsantaka | kalawan Bôngsapatrèki ||

30. ri sampuning mangkanèku | wontên abdi prapta malih | saking nagri Kartasura | awasta Citrabomèki | kalih Ki Citramanggala | nuntên sadalunya malih ||

31. Ki Kartawirya kang rawuh | lawan Sutamênggalèki | sami saking Kartasura | wus sami dinangu kalih | wus katur sawartanira | dhatêng gusti sang narpati ||

32. cinarita laminipun | sampun pitu likur ari | sang nata tan dhahar nendra | amung kêtan sakêmiri | kang dhinahar angkên Ahad | dènira sri narapati ||

33. duk samana têngah dalu | nujwari Anggara Kasih | sang nata sare kêkadhar | mêsês bayu bajra prapti | kagyat wau kang rumêksa | dènnyadrês praptaning angin ||

34. angandika sang aprabu | wadya kinèn samya nêbih | Susunan Lawu duk prapta | gêngira kagiri-giri | saha mirong kampuhira | polèng bang bintulu aji ||

35. nênggih punika citur |Kurang satu suku kata: nênggih punika cinatur. apan ratuning dhêdhêmit | ngadhaton Ngarga Dumilah | manggihi ing sri bupati | gumalêgêr swaranira | kaki prabu kawlasasih ||

36. aywa sangêt amangun [ama...]

--- 28 : 6 ---

[...ngun] kung | pun bapa ingkang ngrewangi | ambêdhah ing Kartasura | nanging kramaa sang aji | sutèng ulun kagarwaa | rêspati rara kênyadi ||

37. ajêjuluk Nimas Ratu | ing besuk prapta pribadi | ing dina Jumuah ngarsa | umarêk ing sri bupati | wau sang nata duk myarsa | anjêtung-jêtung tan angling ||

38. angunandikèng tyasipun | wau kangjêng sri bupati | ewuh ing panduganingwang | apa pitulung Hyang Widi | dene lêlêmbut kang prapta | sang nata emut ing galih ||

39. singa-singa marganipun | lamun pitulunging Widi | apan ta norana cêgah | kang môngka jalaraning sih | pratôndha Hyang Amisesa | salumah kurêbing langit ||

40. sri bupati ngandikarum | yèn sira tulus sayêkti | têkakêna sutanira | iya ngong karyane rabi | lan rowangana sun aprang | wadyèng sun mênanga jurit ||

41. lingira Susunan Lawu | dhuh sang nata ywa kuwatir | Sunan Lawu sampun musna | sing ngayun wus gagat enjing | nulya kondur masanggrahan | wau kangjêng sri bupati ||

42. kang wadya sadaya ngungun | kagyat umiyat ing gusti | sanès lawan saban-saban | bingaring netya dumêling | sang nata amundhut lôndha | arsa kujamas tumuli ||

43. cinarita pêndhakipun | daluning Jumuah prapti | putri ing Arga Dumilah | sarêng kang maruta milir | kang wadya umung ngawiyat | kagyat wau sri bupati ||

44. emut patêmbayèng dangu | yèn putri arsa dhatêngi | saking ing Arga Adumilah |Lebih satu suku kata: saking ing Arga Dumilah. sang nata wus amiranti | Nimas Ratu duk [du...]

--- 28 : 7 ---

[...k] umiyat | mangsah sumungkêm padaji ||

45. saha ngrêrêpa turipun | kawula dinuta gusti | dhatêng pun rama ngaturna | sagunging wadya dhêdhêmit | ambantoni ing ayuda | yèn wadya paduka jurit ||

46. sagunging wadya lêlêmbut | ing benjing samya bithèni | dhatêng ing maripat mêngsah | dimèn sami sakit benjing | bèlèk abuh sami mamar | atêmah kasor ing jurit ||

47. yèn suwawi sang aprabu | kondura mring Pranaragi | abdi paduka sadaya | nulya umagut ing jurit | ing benjing darbe kawula | atur yèn wontên nagari ||

48. dene kawula pukulun | lan sagung wadya dhêdhêmit | yèn siyang wontên ing wana | yèn dalu rumêksèng gusti | sri bupati angandika | iya aywadoh lan mami ||

49. nulya kondur sang aprabu | pakuwon wus gagat enjing | angundhangi wadyanira | arsa kondur mring nagari | ing Pranaraga pan arsa | amaguta ing ajurit ||

50. samana wadya sang prabu | ingkang lagya anyar prapti | samya asewakèng nata | kang lunggwèng mangrêpèng ngarsi | awasta pun Citraboma | umatur saha wotsari ||

51. kawula gusti rumuhun | nglampahi karya narpati | kèndêl ing ardi punika | winastan ing Bayangkaki | satêdhake saking arga | pilih wawrat ing ajurit ||

52. sang nata kacaryan atur | ngêndi prênahe kang ardi | ingsun pan arsa wêruha | Citraboma awotsari | pakuwon dalêm punika | kawêngku sukuning ardi ||

--- 28 : 8 ---

53. sri bupati ngandikarum | sun arsa wêruh ing nginggil | sang nata budhal sakala | marang ardi Bayangkaki | nanging tan amawi kuda | adharat sri narapati ||

54. sang nata wus praptèng luhur | kèndêl sinewa ing dasih | nulyana wong bumi prapta | aturira ngasih-asih | dhuh gusti nuntên kondura | akarya rêngkaning ardi ||

55. pakuwon dalêm pukulun | pan wêwêngkon Bayangkaki | punika pan sampun angsal | ujaring wirayat gusti | kalamun wontên narendra | ngungsi ardi Bayangkaki ||

56. benjing ing satêdhakipun | pilih wawrating narpati | sang nata nulya tumêdhak | saking ardi Bayangkaki | kunêng ingkang kawuwusa | carakanira narpati ||

57. kang marang ing Surèngkewuh | ing Surapringga wus prapti | dhadhuhdhawuh. sêrating narendra | mring kang lunggwèng Surawèsthi | Tumênggung Sêcanagara | Tumênggung Sasranagari ||

58. anênggih Kapitan Ondrup | duk pisah lan sri bupati | kawonipun sing Kaduwang | dinutèng mring Surawèsthi | kinèn lajêng mring Samarang | kinanthèn kêkalih abdi- ||

59. nira wau sang aprabu | Naladirja Sindupati | wus prapta ing Surabaya | prentah mring tumênggung kalih | dandana kaprajuritan | nusula ing sri bupati ||

60. mangkya atis sang aprabu | kang rumêksèng sri bupati | mêntas kasoran ing yuda | amung wong môncanagari | abangêt kuwatir ingwang | liyane wong Surawèsthi ||

61. nanging wau rêmbagipun | Kapitan ing Surawèsthi |

--- 28 : 9 ---

tumênggung kalih kèndêla | anglêmpakna maring mantri | samarga ngrêksa nagara | bok wong bang wetan nêkani ||

62. dadya ngrubêdi tyas ingsun | ing gusti sri narapati | lêhêng sami pakantuka | sampun angeroni pikir | dene anggêpe wong wetan | tan ana kang dèn tuhoni ||

63. sampun dènnya rêmbagipun | wau ki tumênggung kalih | ngundhangi ing wadyanira | prajurit sama ti-ati | kinintên antuka dhomas | kang samya trah wong winadi ||

64. kang sinaosakên wau | ambaurêksa narpati | Kapitan Ondrop samana | mancal saking Surawèsthi | layar mring nagri Samarang | ya ta warnanên ing wuri ||

212. Pangkur

1. ya ta ingkang kawuwusa | wadya Surabaya samêktèng jurit | wong dhomas ingkang tinuduh | bantu mring Pranaraga | têtindhihe Ônggadirja kadangipun | Tumênggung Sasranagara | wus budhal saking nagari ||

2. saha wahana turôngga | tinon amyang busananing ajurit | warnanên wau sang prabu | kang tansah mangun brata | tansah ngarsa-arsa wau praptanipun | utusan sing Pranaraga | dènnyarsa trang tyas narpati ||

3. samana anulya prapta | dutanira rahadèn adipati | akanthi utusanipun | Dipati Wirarêja | praptanira atur uninga sang prabu | lamun nagri Pamagêtan | kancikan mêngsah ing mangkin ||

4. awasta pun Sumaningrat | ingkang wontên Pamagêtan nagari | punika ing praptanipun | sagah nyêpêng

--- 28 : 10 ---

sang nata | lawan malihipun abdi sang aprabu | ing Madiun sampun bubar | mundur barisipun mangkin ||

5. mantuk dhatêng nagarinya | pangandikanira sri narapati | lah wis muliha sirèku | iya warahên paman | lan si bapa ingsun wus pracaya iku | môngsa bodhoa si paman | mungsuh gonnya mirantèni ||

6. nanging dèn padha prayitna | aywa kurang karo pangati-ati | lan maning wêwêkas ingsun | si bapa lan si paman | nuli konên kongkonan marang Madiun | mring adhi Mangkunagara | myang ari Martalayèki ||

7. iya mungsuh Pamagêtan | iku si adhi Madiun kalih |Kurang satu suku kata: iku si adhi Madiun kêkalih. ingkang arêmpona iku | ponang duta gya mêsat | saking ngarsa nata gya ing lampahipun | wus prapta ing Pranaraga | wus dhawuh timbalan aji ||

8. warnanên datan alama | dutanira rahadèn adipati | kang saking Kartasurèku | samana lagya prapta | pan linajêngakên wau lampahipuplampahipun. | sinowanakên sang nata | mring Sawo pan sampun prapti ||

9. ing ngarsa sang sri narendra | ponang duta sapraptanirèng ngarsi | dinangu matur wotsantun | katur sasolahira | duk dinuta mara ing Kartasurèku | dening kang atampi surat | Ki Mangunonêng ing Pathi ||

10. saabon-abon nagara | Pranaraga pan sarêng dèn tampèni | dhatêng ing dipatinipun | Mangunonêng punika | tan antara ingkang sêrat anênungkul | lajêng katur mring ratunya | kang anama [a...]

--- 28 : 11 ---

[...nama] Sunan Kuning ||

11. saabon katur sadaya | langkung sukanira Susunan Kuning | makatên pandangunipun | rama ngêndi ênggonnya | atur kawula gusti adamêl sêngguh | inggih rama jêngandika | wontên ing sagantên wêdhi ||

12. Sunan Kuning angandika | dhatêng Mangunonêng kinèn umijil | kawula kinèn umantuk | kinèn bêktani surat | mungêl tiyang môncanagari sadarum | sinrahkên dhatêng pun paman | Suradiningrat Dipati ||

13. wontêndene kang pitungkas | sakathahnya tiyang môncanagari | yèn sampun sami akumpul | pêpak nèng Pranaraga | nuntên kinèn bêkta asowan agupuh | dhatêng nagri Kartasura | sang nata mèsêm ing galih ||

14. lan malih atur kawula | ingkang kauningan kawula gusti | dene mêngsah ingkang rawuh | kang wontên ing Kaduwang | Cina pranakan nênggih têtindhihipun | kang nama pun Baurêksa | ulun tur uninga malih ||

15. inggih pamirsa kawula | kala ulun wontên Kartasurèki | mêngsah Cina ingkang tugur | wontên ing Garobogan | inggih ing mangke sampun kawon pukulun | ingkang anggitik kawonnya | pun Kapitan Ondrop gusti ||

16. sang nata aris ngandika | iya uwis duta muliha aglis | apêpoyana sirèku | mring paman lan si bapa | yèn mangkono pracayane marang ingsun | uwis padha sun tarima | ponang duta awotsari ||

17. umêsat sing ngarsa nata | tan winarna lampahira ing margi |

--- 28 : 12 ---

kawuwusa sang aprabu | sawingkinging utusan | datan pêgat sang nata amangun rêmbug | kalawan kang wadya-wadya | samana sri narapati ||

18. lagya eca angandika | sri narendra lawan kang abdi-abdi | kasaru ing patrapipunpraptanipun. | Dipati Wirarêja | aturipun ngunjukakên bêktinipun | pun paman Suradiningrat | lawan bêktinipun sami ||

19. kang abdi-abdi sadaya | anarima andikaning narpati | Wirarêja malih atur | sampuning sapunika | inggih paduka mangke ngaturan kondur | dhatêng pun Suradiningrat | dhatêng nagri Pranaragi ||

20. sang nata suka tyasira | ingaturan mantuk mring Pranaragi | saking lamining awuyung | mangke ngaturan pulang | dadya ingkang wadya ingundhangan gupuh | kinèn samya adandana | langkung enggar tyasing dasih ||

21. ri sampuning asamêkta | ponang wadya sang nata budhal aglis | saking Sawo lampahipun | Dipati Wirarêja | tan atêbih nèng wingkingira sang prabu | pangran dipati ing ngarsa | ingiring sawadyanèki ||

22. pra santana ngarsa pisan | Pangran Arya Pamot lan rakanèki | Pangran Dipanagarèku | dene graha sang nata | Radèn Ayu tan têbih ngarsa sang prabu | sawurinya jêng pangeran | dipati dènnya lumaris ||

23. gamêlira sri narendra | sira Radèn Wôngsakusuma kalih | Nayamênggala ranipun | wau sira Rahadyan | Adipati Suradiningrat amêthuk | kidul wetaning nagara | tan kandhêg lampah narpati ||

24. sami sadintên [sa...]

--- 28 : 13 ---

[...dintên] praptanya | sri narendra jro kitha Pranaragi | sang nata ngadhaton sampun | ing pantinya Rahadyan | Suradiningrat dening kang wadya agung | wus umantuk sowang-sowang | mring pakuwonira lami ||

25. ing dalu tan kawarnaa | enjingipun wus pinarak sang aji | Dyan Suradiningrat lungguh | mangrêpa munggwing ngarsa | angandika aris wau sang aprabu | mring Radèn Suradiningrat | hèh paman sapa kang nami ||

26. matur rahadèn dipatya | nênggih Suradiningrat mring sang aji | pamirsa amba pukulun | inggih mêngsah punika | ingkang wontên Kaduwang pawartinipun | nênggih paranakan Cina | dene ingkang anindhihi ||

27. awasta pun Baurêksa | dening mêngsah paduka dalêm malih | kang wontên nagari prabu | inggih ing Pamagêtan | pun Sumaningrat gusti sawadyanipun | nanging dawêg jêng-ajêngan | kalayan pun adhi kalih ||

28. Mangkunagara kalawan | Martalaya kang ngajêngakên sami | sang nata ngandika arum | lah paman timbalana | mêngko si adhi Mangkunagara iku | lan si adhi Martalaya | ingsun arsa apêpanggih ||

29. ya ta umatur sandika | sira Radèn Dipati Pranaragi | makanamangkana. ingkang winuwus | kala duk prapdanirapraptanira. | Citradiwirya saking pangilènipun | anusul bêkti narendra | wontên nagri Pranaragi ||

30. wus tinarimèng sang nata | Citradiwirya bêktinya narpati | wus amrênah kuwunipun | kunêng gantya kocapa | Kapitan Ondrop kala duk praptanipun | nênggih nagari Samarang | samana sampun apanggih ||

--- 28 : 14 ---

170. Kumpêni campuh kalihan prajurit Cina wontên ing Ungaran

31. lan dutanira sang nata | kang anama Puspayuda jru tulis | kang anulak lampahipun | anèng Utêr samana | sapraptane Samarang malih wus pangguh | lan Kapitan Ondrop sira | lajêng binêkta ajurit ||

32. duk anggitik mêngsah Cina | kapitan kang anèng Ungaran baris | pangajênging Pudhakpayung | Nglèpèndodol bitingnya | duk binêdhah ing Kumpêni tan adangu | kawonnya Cina Ungaran | Kumpêni sampun angatcik ||angancik.

33. wontên dhusun ing Ungaran | wus apacak baris samaktèng jurit | samana Kumêndhan Emum | kawalahên ayuda | kala bêdhahing Dêmak kumêndhan laju | angungsir kang mêngsah Cina | kèndêl Barangkas ajurit ||

34. apan kêkathahên lawan | kasor ing prang aminta bantu malih | samana Kapitan Emum | mring nagari Samarang | sigra nuduh komasaris lan kumêndur | kang yogya ambantonana | mring Barangkas kasor jurit ||

35. tan ana lyan kang prayoga | mung Kapitan Ondrop ingkang tinuding | ambantonana ing pupuh- | ira Emum Kapitan | ing Ungaran lah dèn tilara karuhun | amung ingkang dèn tilara | Kumpêni kang pacak baris ||

36. ri sampun tampi parentah | Kumêndhan OndhoropOndorop. mangkat tumuli | Puspayuda datan kantun | miwah Ki Naladirja | lan Ngabèi Sindupati datan kantun |

--- 28 : 15 ---

lampahnya lajêng kewala | ing Barangkas sampun prapti ||

37. enjing campuh ing ayuda | bala Cina pan sampun amiranti | Kumpêni sarêng anêmpuh | wadyambon myang Makasar | bala Bugis Bali tandangipun purun | tan taha pangamukira | wong Cina panggah ing jurit ||

38. kalangkung ramening yuda | wong Kumpêni angêdrèl wanti-wanti | swaranya lir gunung rubuh | wadya Cina atanggah | anut kukusing sandawa dènnya ngamuk | samana wus katadhahan | wong Cina mring Bugis Bali ||

39. atêmpuh prang samya sura | waos cundrik campuh lan pêdhang abir | swaranya pating barêkuh | bêdhil wus tanpa karya | kadi yaksa Kumêndhan Ondrop angamuk | wong Cina wus kathah pêjah | bubar sasisaning pati ||

40. wontên Cina paranakan | pan kapisah samana dènnya jurit | tan wruh rowangnya lumayu | dadya kantun priyôngga | wus kinêpung mring wadya Kumpêni agung | abirnya ingabar-abar | Ondrop wus tan wruh ing ajrih ||

41. tan taha pangrukêtira | gya pinistul wong Cina datan kêni | Kapitan Ondrop rinasuk | pinêdhang gigirira | roki tatas anrus ing kêmejanipun | apan sigar ngêmplah-êmplah | nanging angga datan busik ||

42. titihan kuda kang kampad | apus buntut kang kêni tugêl kalih | anrus bêbokong kudèku | kowak angêmplah-êmplah | gya rinêbut pranakan Cina angamuk | tan dangu sampun apêjah | Cina de

--- 28 : 16 ---

Walandi alit ||

43. ri sampunira mangkana | mêngsah Cina wus datan ana kari | ngidul ngetan lorogipun | anjog ing Garobogan | wus ingungsir mring Kumpêni sampun larut | warnanên Ondrop Kapitan | mundur mring Dêmak nagari ||

44. sapraptanira ing Dêmak | Kumêndhan Ondorop sigra anuding | marang Ki Naladirjèku | kalih Ki Jayatruna | Sêrangjaya lan Talijaya ing Wêdhung | punika ingkang dinuta | atur uningèng narpati ||

45. dhumatêng ing Pranaraga | lampahira sarwi amawi tulis | wus umangkat lampahipun | kunêng kang kawarnaa | Kumêndhan Ondrop wus budhal lampahipun | saking nagari ing Dêmak | sêdya mring Ungaran malih ||

46. wadya Kumpêni lampahnya | apan lajêng tan mampir mring Samawis | amung ta Kumêndhan Undrup | kang mampir ing Samarang | atur wruh mring komasaris lan kumêndur | yèn mêngsah Cina Barangkas | mangkya wus kawon ing jurit ||

47. malajêng mring Garobogan | apan sampun ingungsir lan Kumpêni | ri sampunirasung wêruh | kumêndhan nulya mangkat | saking ing Samarang lampahira wangsul | marang dhusun ing Ungaran | dening kang wadya Kumpêni ||

48. agantya ing Paterongan | sapraptaning kumêndhan gya lumaris | prapta ing Ungaran sampun | kunêng gantya kocapa | wadya Cina kang sampun kawon karuhun | kandhêg wontên ing Barêgas | ing Lêmahbang dènnya baris ||

49. samana bantunya prapta | tiyang Cina saking Kartasurèki |

--- 28 : 17 ---

pira-pira kathahipun | apan tanpa wilangan | lir sagara rob ambèr sing papanipun | wus akanthi tiyang Jawa | têtindhihirèng ajurit ||

50. Ki Tumênggung Garwakôndha | lawan sira Radèn Mangkuprajèki | wus samya atata dunung | saha karya pirantya | wus akarya biting langkung kandêlipun | anèng ing desa Lêmahbang | sanjata wus amiranti ||

51. Kumêndhan Ondrop miyarsa | yèn wong Cina baris ing Sitiabrit | sakalangkung kathahipun | lan kandêl bitingira | kumêndhan kalangkung suka ing tyasipun | saking tan wontên tinaha | Kumpêni wus dèn undhangi ||

52. yèn arsa mangsah ing rana | angrabasèng biting ing Sitiabrit | wadya Kumpêni anggrêgut | wus palastha gya budhal | pan ginêlak ing lampah kêbat ing laku | pangarsa sampun katingal | saking biting Sitiabrit ||

53. wong Cina sampun mirantya | pan angrakit sungsun ngrakêti biting | saha bêdhil abiripun | tan sêdya gumingsira | wong Kumpêni dupi cêlak sarêng nêmpuh | swaranya amuk kewala | wong Cina sarêng bêdhili ||

54. Kumpêni datan antara | malês bêdhil angêdrèl wanti-wanti | swaranya lir gunung rubuh | bêdhil mungsuh lan rowang | kukusing sêndawa andhêdhêt alimut | nanging mimising Walônda | apan datanpa ngundhili ||

55. watêking jro lawan jaba | yêkti jaba kang datan angundhili | Kumpêni kathah kang lampus | Bugis Bali Walônda | lwir sinokan mimis ing [in...]

--- 28 : 18 ---

[...g] pangamukipun | nanging tan sêdya gingsira | pangamuke wong Kumpêni ||

56. kang pêjah ngidak kewala | pangamuknya mung kandhêg kang akanin | wus angrapit biting wau | Bugis Bali Sambawa | myang Mas Rôngga Tiksnawijaya tan kantun | angamuk sakadangira | tan ana angrasa urip ||

57. tan kêndhat pangamukira | wong Kumpêni ambabad jagang sami | sirna jagang tandang ngamuk | lan waos dhuwung berang | mêngsah Cina tan kandhêg pambêdhilipun | mimis tibanya lir udan | nanging wus tanpa ngundhili ||

58. saking wus langkung tibanya | wong Kumpêni pan wus angrangsang biting | bala Cina duk andulu | yèn bitingnya rinangsang | giris mulat sadaya sarêng lumayu | kasêsa asalin tunjang | palayune rêbat urip ||

59. wus malêbèng biting sira | wong Kumpêni Cina kacandhak siji | apan pinêjahan sampun | ri sampuning mangkana | wong Walônda cinacahakên kang lampus | pitu likur kathahira | têtiga ingkang akanin ||

60. dene wong Kumpêni Islam | wong Jawa pan kathah malih kang mati | tan kantênan kathahipun | sasampuning mangkana | pan wong Cina ingusir palajêngipun | prapta dhusun ing Bahrawa | Kumpêni gènira ngusir ||

61. ing Bahrawa wus jinarah | pan akathah jarahanira nênggih | wusing mangkana awangsul | malih tuwan kumêndhan | mring Ungaran wadya Kumpêni tan kantun | sapraptanira Ungaran | sukèng tyas lir madu gêndhis ||

213. Dhandhanggula

1. datatita lingira ing nguni |

--- 28 : 19 ---

kang kocapa Ondorop Kumêndhan | sapraptaning Ungarane | anglampahakên sampun | dutanira ingkang tinuding | aran Ki Puspayuda | jru tulis sirèku | kinèn ngaturi uninga | mring sang nata kang anèng ing Pranaragi | yèn mênang yudanira ||

2. sampun têlas pamêlingirèki | kumêndhan saha bêktani sêrat | mring duta wus bêsatmêsat. age | saking ngarsanirèku | sawurinya ingkang tinuding | wau ingkang kawarna | Kumêndhan Ondorup | sampun amiyarsa warta | yèn mêngsah Cina ingkang kawon ing nguni | prangi nganènganèng. Lêmahbang ||

3. ing mangkya samya akumpul malih | apacak baris nèng Salatiga | anèng Tuntang pangajênge | kalangkung dening agung | wadya Cina myang bala Jawi | kumêndhan duk miyarsa | bramatya ing kalbu | sigra angundhangi wadya | dènirarsa amangun ing yuda malih | ngrabasèng Salatiga ||

4. kang kinarya marganing ajurit | mêdal ing Tuntang ingkang sinêdya | tan owêd ing pangajênge | samana budhalipun | kumêndhan sawadya Kumpêni | ginêlak lampahira | ing sapraptanipun | ing Tuntang sarêng katingal | wong Kumpêni Cina sigra bêdhil aglis | ambarondong kewala ||

5. saking sabrang lèpèn dènnya bêdhil | apan karêtêg sampun binubrah | Kumpêni kandhêg lampahe | dening pambêdhilipun | bala Cina tan anganggopi | nanging bala Walônda | ingkang wus kalajuk | miwah kang Kumpêni Islam | ingkang wus kalajuk praptèng pinggir [ping...]

--- 28 : 20 ---

[...gir] kali | pambêdhile wong Cina ||

6. wus kalangkung mimis tan ngundhili | amung ingkang wingking akwèh kêna | ing mimis Cina tibane | dadya akathah tatu | wong Kumpêni kang anèng wuri | kalangkung bramantyanya | Kumêndhan Ondorup | sampun kinèn ngingêrêna | kang mariyêm sigra pinasang tumuli | winalês tiyang Cina ||

7. minariyêm wong Cina angisis | bubar sakêdhap datan antara | prapta ambêdhili malèh | Kumpêni pan kalangkung | bramatyanya arsa nabrangi | kumêndhan sigra nyandhak | watang wadya wangsul | lèpèn sampun jinajagan | sakalangkung lêbêt santêre kang warih | pakewuh sinabrangan ||

8. myang wong Cina tan anggop bêdhili | dadya kumêndhan ririh undurnya | mariyêm wus ngingêrake | saking menggok ing ênu | salah tômpa ingkang nèng wingking | dadya asalin tunjang | ing palayunipun | nyana kasoran ing yuda | kang ing ngarsa samana akathah kanin | Kumpêni kang ing wuntat ||

9. nanging datan wontên ingkang mati | amung Walônda pêjah satugalsatunggal. | Kumpêni alon lampahe | samana unduripun | wangsul dhatêng Ungaran malih | kumêndhan lampahira | ing Ungaran rawuh | kunêng gantya kang kocapa | sri narendra kang madêg ing Pranaragi | tansah arêrêmbagan ||

10. kang rinêmbug wilujênging kardi | lawan wadyanya kang tuwa-tuwa | kasaru wau praptane | sira Naladirjèku | kanthinira Jayatrunèki | lawan Ki Sêrangbaya | Talijayawêdhung | praptanya [pra...]

--- 28 : 21 ---

[...ptanya] saking Samarang | pan dinuta mring kumêndhan atur tulis | dhumatêng sri narendra ||

11. sapraptanirèng ngarsa narpati | Naladirja anungkêmi pada | nata saatur tabene | sira Kumêndhan Ondrup | kathah-kathah dhatêng narpati | ri wus atur tabenya | sêrat gya pinundhut | winaos sinuksmèng driya | sawiraosing sêrat sampun kagalih | yèn ngaturi uninga ||

12. kala kang mêngsah Cina ginitik | arame pêrang anèng Barangkas | Ondrop asru pangamuke | samana kawonipun | mêngsah Cina mawut tan pulih | samya mring Garobogan | ing palajêngipun | tamat panuksmaning sêngratsêrat. | sri narendra nulya angandika aris | marang Ki Naladirja ||

13. andangu sasolahira nguni | duk Naladirja kinèn tut wuntat | mring kapitan salakune | Naladirja umatur | saha sêmbah mring sang narpati | matur duk purwanira | myang wasananipun | miwah duk Ondrop kapêdhang | mring wong Cina tan pasah angganirèki | mung rokinya kang tatas ||

14. têlas aturnya mring sang narpati | Ki Naladirja kala samana | apan dèrèng kongsi mulèh | kasusulan kang kantun | PuppayudaPuspayuda. praptanirèki | dinuta lampahira | mring Kumêndhan Ondrup | angkatnya saking Ungaran | lampahira pan sarya amawi tulis | wus katur ing sang nata ||

15. wus tinupiksa ungêling tulis | sinuksmèng tyas apan wus kadriya | kang sêrat ing saraose | dhumatêng [dhuma...]

--- 28 : 22 ---

[...têng] sang aprabu | mungêl lamun atur upaksi | kala prang ing Lêmahbang | langkung ramenipun | kang mêngsah tanpa wilangan | tiyang Cina kandêl dènnya karya biting | kawonipun rinangsang ||

16. bitingira de wadya Kumpêni | dahat dhatêngkên suraning nala | wong Kumpêni pangamuke | punika kawonipun | tiyang Cina tan môngga pulih | dening sudara nata | pun Kumêndhan Ondrup | wilujêng ing salampahnya | kados antuk barkat nata antuk kardi | sang nata suka ing tyas ||

17. anupiksa saraosing tulis | ya ta sang nata aris ngandika | mring Ki Naladirêjane | myang Ki Puspayudèku | liwat trima kasih ya mami | saking pracayanira | sudarangong Ondrup | iya marang jênêng ingwang | dening sira wus padha muliha kalih | gawanên layang ingwang ||

18. wêwangsulngong mring sudara mami | layang siji sira karonana | andhawuhêna karone | marang sudaraningsun | ri sampunnya atampi tulis | sira Ki Naladirja | myang Puspayudèku | duta kalih sarêng mêsat | saking ngarsanira sang sri narapati | samana sri narendra ||

19. anêdah dhatêng wadyanirèki | ingkang anama Ki Citraboma | kang wus jinunjung lungguhe | duk nèng Sawo karuhun | ênggènira jinunjung linggih | sarya ingalih nama | mring nata ranipun | Ngabèi Dhandhangwacana | wus dinuta minggah dhatêng ardi Wilis | sira Dhandhangwacana ||

20. amanggihana ingkang palinggih | kang anama êmbahan Sêkôndha |

--- 28 : 23 ---

kinèn amundhut idine | rèhing umadêg ratu | lawan kinèn amundhut malih | têdah angkat sang nata | pênêding dinèku | minggah dhatêng Kartasura | ri sampuning têlas pawêling narpati | mangkat Dhandhangwacana ||

171. Ingkang Sinuhun Pakubuwana II sèlèh kaparabon, ajêjuluk Panêmbahan Brawijaya. Ingkang putra Pangeran Adipati kaparingan kêkasih Prabu Jaka, inggih Susuhunan Bauwarna, lajêng sami bidhal anglurug dhatêng Kartasura

21. kala samana sri narapati | wus anuduh akèn anggêcaka | mring nagri Pamagêtane | dene ingkang tinuduh | ya Pangeran Madiun kalih | Pangeran Martalaya | Mangkunagarèku | kinèn gêcak Pamagêtan | apan sampun apêrang pangeran kalih | Magêtan datan bêdhah ||

22. nuntên dutanira sri bupati | ingkang anama Dhandhangwacana | datan alami kesahe | samana praptanipun | ingkang saking ing ardi Wilis | wus amawi pamêkas | atur sang palungguh | kang nama Bahan Sêkôndha | sapraptaning ngarsa Dhandhangwacanèki | ngaturkên saaturnya ||

23. mangkana Êmbahan aturnèki | ing mangkya kangjêng sri naranata | ngaturan pasraha mangke | kaprabon mring kang sunu | inggih kangjêng pangran dipati | marmine sapunika | ing upaminipun | yèn mênggaha têtanêman | sri narendra sampun kasundhulan wiji | Êmbahan aturira ||

24. lêhêng kangjêng pangeran [pangera...]

--- 28 : 24 ---

[...n] dipati | ing mangkya ingadêgêna nata | tan wontên walêr sangkêre | ya ta dhinahar sampun | saaturnya sang apalinggih | kang anama Sêkôndha | ngardi Wilis wau | samana wus ingundhangan | wadya nata yèn mangke pangran dipati | ingadêgakên nata ||

25. karsaning rama sinung kêkasih | binisika Sang Aprabu Jaka | Susunan Bauwarnane | dening kang rama wau | sri narendra amung ngèstrèni | mring wadyabalanira | yèn ngalih jêjuluk | sang nata jêjulukira | Panêmbahan Brawijaya kang wêwangi | pan sampun ingestrenan ||

26. dhatêng sagunging punggawa sami | angèstrèni myang kang wadyabala | sampun angèstrèni kabèh | apan sampun misuwur | lamun kangjêng pangran dipati | sampun umadêg nata | nèng Pranaragèku | wau ingkang kawuwusa | Pangeran Madiun kalih kang tinuding | anggêcak Pamagêtan ||

27. anging samana sampun alami | datan bêdhah nagri Pamagêtan | Pangran Madiun nulyage | atur uninga sampun | lamun taksih èwêd ing jurit | sigra sang anarendra | ambantoni sampun | kang tinêdah bantonana | sakathahe kang wadya ing Pranaragi | apan kêbut sadaya ||

28. dene ingkang kinarya têtindhih | awasta Ngabèi Mangunjaya | pun Tambakbaya kanthine | sarta pêpatihipun | ingkang anitihi ajurit | ran Rônggasutadipa | myang santananipun | awasta Suradêdaha | lawan sira Suradirêja tan kari | wus mangkat lampahira ||

--- 28 : 25 ---

29. dahat agêng lampahing kang baris | saha turôngga tanpa wilangan | wus prapta wau lampahe | ing Magêtan kinêpung | saking marga wus dèn pêpêti | kang dhatêng Pancot ika | pan sampun katutup | myang wadyanira pangeran | ing Madiun kabèh tumut ngêpung sami | ing nagri Pamagêtan ||

30. dahat ngrudatin manahing alit | wong Pamagêtan sampun angrasa | yèn mêngsah dede wawrate | yèn anglawana pupuh | upama karubuhan ardi | samana wus arêmbag | lan sawadyanipun | sira Radèn Sumaningrat | miwah ari Radèn Mangunjaya sami | rêmbag asuka sêrat ||

31. dhatêng Pangeran Madiun kalih | miwah mring punggawa Pranaraga | apan wus dados sêrate | mungêl asanggup têluk | wus lumampah dutanirèki | angaturakên surat | mring Pangran Madiun | sêrat tinampan winaca | wus mupakat lan punggawa Pranaragi | samya eca kang manah ||

32. nanging dèrèng obah sing nagari | sira Radèn Arya Sumaningrat | datan antara lamine | anulya garwanipun | Radèn Ayu ingkang tinuding | sowan mring Pranaraga | ing sapraptanipun | Dyan Ayu ing ngarsa nata | ngaturakên pêjah gêsange kang laki | dhatêng sri naranata ||

33. asmu duka ngandika sang aji | inggih bibi tan kula tarima | ujar andika sakèhe | dhatêng kula puniku | lamun botên seba pribadi | bibi bojo andika | botên kula gugu | amunga dika kewala | alah

--- 28 : 26 ---

sampun bibi têka dika mulih | waraha bojo dika ||

34. yèn têmên bêkti ing kula bibi | bojo dika sebaa priyôngga | têmua lan kula dhewe | Dyan Ayu sigra mantuk | tan kawarna lampahirèki | wus praptèng Pamagêtan | panggih lawan kakung | wus dhinawuhkên sadaya | saandikaning nata dhatêng ing laki | sigra Dyan Sumaningrat ||

35. enjing sampun sami amanggihi | maring Pangeran Mangkunagara | lan Pangran Martalayane | myang wong Pranaragèku | sampun samya lêga ing galih | wadya ing Pranaraga | myang wadyèng Madiun | samana nulya umangkat | saha bongkokan lampahira ingirid | de pangran kalihira ||

36. tan kawarnèng marga sampun prapti | nênggih nagara ing Pranaraga | Dyan Sumaningrat lampahe | kala duk praptanipun | lingsir kilèn wayahirèki | wus katur ing narendra | sabongkokanipun | kalangkung suka sang nata | ingandikan kalih dhatêng ngarsa aji | samya tilar curiga ||

37. praptèng ngarsa sumungkêm padaji | kalih saha ngaturkên prasêtya | kathah-kathah prasêtyane | yèn gumingsire kalbu | bêktinirèng mring sang narpati | sampun manggih raharja | sapanginggilipun | sira Radèn Sumaningrat | sarya ngaturakên kagungan narpati | dhuwung Kyai Baruwang ||

38. wus katarima têlukirèki | Sumaningrat lawan Mangunjaya | wontên dene nagarane | ing Magêtan ginantung | tan tinêtêpakên tumuli | mring Radèn Sumaningrat | parentah sang prabu |

--- 28 : 27 ---

kinèn kèndêl Pranaraga | Sumaningrat lan ari Mangunjayèki | wus kinèn makuwona ||

39. samana datan antara lami | sang nata ngarsakakên cangkrama | ambêrêg sangsam myang banthèng | mring wana Têgilsantun | sapraptaning wana anuli | kajawahan samana | arêrêb sang prabu | anèng dhusuning punggawa | nuntên kondur mantuk dhatêng Pranaragi | ri sampuning mangkana ||

40. sri narendra apan dèn aturi | miyos watang dhatêng dyan dipatya | miwah Kya Wirarêjane | nanging kangjêng sinuhun | sangêt datan karsa umijil | dening radèn dipatya | sangêt malih matur | apan ature mangkana | mila sangêt atur kawula narpati | mênggah ing panjênêngan ||

41. inggih sampun kongsi ical gusti | jêjêr panjênêngan tuwan nata | apan apdiabdi. pêpak kabèh | asowan sang aprabu | inggih wadya môncanagari | mila nadyan wontêna | ing wana myang gunung | taksiha kang panjênêngan | sri narendra mila jêng pangran dipati | ingkang umadêg nata ||

42. ingkang kinèn miyosa ing jawi | mring kang rama kinèn jênêngana | mring wadya pawatangane | nanging duk sapuniku | Radèn Sumaningrat anênggih | ginadhuhan turôngga | dhatêng sang aprabu | samana inganggo watang | ri sampuning miyos Saptu anjênêngi | watang prabu taruna ||

43. mangkana datan antara lami | nuntên kawarti têtiyang Cina | yèn ajêng nginggihi age | saking Kartasurèku | anginggahi ing Pranaragi | dening têtindhihira | Sujanapurèku |

--- 28 : 28 ---

lan Radèn Mlayakusuma | sri narendra apan wus parentah aglis | kinèn rêmbag mêthuka ||

44. pan sampun rinêmbagakên sami | mring sagunging kang para punggawa | kang anèng Pranaragane | dene ta rêmbagipun | sakathahing para dipati | kang anèng Pranaraga | kalamun saèstu | patêluknya Sumaningrat | lawan ari Mangunjaya yèn suwawi | punika lampahêna ||

45. angirida tiyang Pranaragi | amêthuk prangnya kang mêngsah Cina | ri sampun dados rêmbage | katur ing sang aprabu | yèn mangkana rêmbagnya sami | dadya mêthuk ing karsa- | nira sang aprabu | mila nagri Pamagêtan | tinêtêpkên pan winangsulakên malih | mring Radèn Sumaningrat ||

46. lan arinya Dyan Mangunjayèki | pinatêdhan nagri ing Kaduwang | sarta ingalih namane | saha sinung jêjuluk | Radèn Arya Mangunranèki | samana wus samêkta | sagêgamanipun | prajurit ing Pranaraga | saha turôngga ingkang samya angirid | mring Radèn Sumaningrat ||

47. sigra budhal saking Pranaragi | sira Radèn Arya Sumaningrat | myang Arya Mangunranane | angirid baris agung | kang prajurit ing Pranaragi | myang wadya Pamagêtan | nunggil lampahipun | apan angèbêki marga | lampahira ing Pakiringan wus prapti | apacak barisira ||

48. ya ta wong Kartasura kang baris | nèng KaduwaKaduwang. miwah kang wong Cina | sampun miyarsa wartane | yèn mêngsahira rawuh | wong

--- 28 : 29 ---

ing Pranaraga kang prapti | pangajêng Pakiringan | kang arsa ginêpuk | sigra samya asiyaga | baris ing Kaduwang majêng ambantoni | prapta ing Pakiringan ||

49. tan antara enjing campuh jurit | wong Cina wus miranti ngayuda | munggwing sajawi bitinge | wong Pranaraga nêmpuh | langkung rame dènira jurit | wong Cina antuk papan | ing pambêdhilipun | samya andhepok kewala | pan wong wetan samyanèng luhur turanggi | tan kêna narajanga ||

50. dening wana jurang rumpal-rumpil | kang ngagêm towok lêmbing tan angsal | saking èwêde papane | dadya wong wetan gupuh | samya mudhun ngèwèr turanggi | binarondong sanjata | mring wong Cina wau | samya ampingan ing wrêksa | wrêksa jati ampinganira ing jurit | sêdya ngungkih yudanya ||

51. pan wong Cina pêngluhpêngkuh. ing ajurit | datan keguh ingungkih ngayuda | tan kêna gop pambêdhile | Dyan Sumaningrat wau | yudanira pêksa mangungkih | lan ari Mangunrana | sarêng dènnya ngamuk | katadhahan mring wong Cina | pangamuke Cina tan anggop bêdhili | sênapan kalantaka ||

52. Dyan Sumaningrat kêna ing mimis | tatu kêna ing mimis sênapan | kalêrêsan pêpoloke | kagungan nata tatu | kuda ingkang dipun titihi | Sumaningrat ngrês ing tyas- | sira gya pinundhut | prajurit ing Pranaraga | bubar larut palayunya rêbut dhingin | binêrêg mring wong Cina ||

53. pambêrêgira wong Pranaragi |

--- 28 : 30 ---

wong Cina lajêng ing lampahira | baris anèng Tirisane | dene ingkang kaburu | Sumaningrat wong Pranaragi | abaris nèng Barangkal | samana wus katur | dhumatêng sri naranata | lamun Radèn Sumaningrat kawon jurit | duk baris Pakiringan ||

54. sakawone dènira ajurit | prang Pakiringan palajêngira | mangkya nèng Brangkal barise | samana wus rinêmbug | ingkang badhe bantu ing jurit | apan radèn dipatya | kang badhe lumaku | ambantoni ing ayuda | lan Pangeran Madiun wus dèn timbali | dhatêng sri naranata ||

55. sami kinèn tumut anindaki | ambantu kang baris ing Barangkal | Dyan Sumaningrat kawone | sigra umangkat sampun | dahat agêng lampahing baris | prajurit saha kuda | apan tanpa itung | ambèr angèbêki marga | lampahing wadyalit samana wus prapti | abaris ing Dêmalang ||

56. duk samana tan antara lami | nuntên bantu saking Surapringga | bêkta wong sèwu praptane | kalajêngakên sampun | kang prajurit ing Surawèsthi | abantu ing ayuda | anunggila laku | mring Radèn Suradiningrat | wus umangkat wong Surabaya anunggil | mring Dyan Suradiningrat ||

57. ya ta budhal wau Sang Dipati | Suradiningrat baris Barangkal | myang Pangran Madiun kalèh | swaraning bala umung | lir hèrnawa wadya amrêgil | sawiyaring kang wana | kèbêkan wadyagung | samana sri naranata | karsanira arsa nindaki tumuli | anggêcak Kartasura ||

--- 28 : 31 ---

58. nanging dèrèng tindak sri bupati | nuntên kasaru kang putra gêrah | Kangjêng Pangran Dipatyanèm | cacarên gêrahipun | kawarnaa kang bantu jurit | Radèn Suradiningrat | prajurite agung | apan angèbêki papan | sawiyaring wana pan kadya kabêsmi | abaris nèng Barangkal ||

59. dening wong Cina ingkang abaris | nèng Tirisan wus mundur sadaya | ngumpul nèng Kaduwang kabèh | duk ing sarawuhipun | ing Barangkal radèn dipati | mêngsah baris Kaduwang | gègèr sabên kesuk | alok mungsuh banderanya | kang katingal mudhun saking ardi Cumbri | lan samya sakit mata ||

60. marmanya samya asêdhih kingkin | wong Kartasura miwah wong Cina | sami sakit mata kabèh | nuju marêngi wau | nulya wontên duta kang prapti | saking ing Kartasura | animbali wau | kang baris anèng Kaduwang | timbalanira kinèn ngalèra sami | ngumpula Sukawatya ||

61. nanging Radèn Sujanapurèki | ingkang ngandikan kinèn lajênga | dhatêng ing Kartasurane | tan kawarna ing ênu | sapraptane jroning nagari | lajêng ing lampahira | wau kang jinujug | sira Sang Dipati Pathya | kang timbalan nênggih Sang Aprabu Kuning | kang dhawuh mring dipatya ||

62. yèn Janapura jinunjung linggih | sinungan sèwu lêlênggahira | sarta ingalih namane | sinung aran Tumênggung | Suralaya namanirèki | wus kinèn alajênga | lampahira bantu | mring Sukawati samana | pan binêkta wong Cina ingkang prajurit |

--- 28 : 32 ---

pitung atus kathahnya ||

63. kinèn momong Dyan Janapurèki | sinung têtindhih samya wong Cina | ran Ngabèi Ping Bulunge | wus budhal lampahipun | saking nagri Kartasurèki | ing Garompol wus prapta | pacak barisipun | apangawat keri kanan | ingkang kidul apan sampun dèn kawali | nèng Utêr barisira ||

64. cina salawe ingkang abaris | anèng Utêr dening kang rumêksa | kang minôngka pamomonge | mantri ingkang tinuduh | Kyai Rôngga Supatra Baki | baris lèr pangarsanya | nèng Rongge gènipun | apan sampun binantonan | Cina satus kunêng warnanên sang aji | kang madêg Pranaraga ||

65. anjênêngi putra dèn sirami | gêrahira mring para eyangnya | Dyan Ayu Purubayane | kalihan Radèn Ayu | Sumaningrat tumut nyirami | pangran pamuwunira | andangu kang ibu | sang nata anglêk ing driya | angandika adhuh putraningsun gusti | ywa takon ibunira ||

66. wadya ingkang samya angladèni | dupi mirsa ing gusti karuna | myang sang nata andikane | dadya tyas lir dhinaut | datan sagêd anahên tangis | atêmahan karuna | wadya ting salênggruk | ri sampunira mangkana | salaminya gêrah pangeran dipati | nuntên wontên pawarta ||

67. nênggih katur dhatêng ing narpati | yèn Cina kang baris nèng Tirisan | ing mangke wus mundur kabèh | mring Kaduwang akumpul | apan datan mawi ginitik | mundur aris kewala | malih wartinipun |

--- 28 : 33 ---

lajêng mring Utêr barisnya | pan antara nuntên wontên duta prapti | èstri sing Kartasura ||

68. dutanira kang ibu narpati | Jêng Ratu Agêng kalih kang duta | ari nata kêkalihe | Ratu Madurêtnèku | wastanira kang dinutèki | bok Waringin satunggal | kalih êmbok Gadhung | nanging duk praptaning duta | sampun sênggang gêrahe pangran dipati | aturnya kang dinuta ||

69. kang nama bok Gadhung lan Waringin | angaturakên kang salam donga | kang ibu Jêng Ratu Gêdhe | kalawan bêktinipun | ari Ratu Madurêtnèki | sasampuning punika | lan wilujêngipun | kang wayah pangran dipatya | mila kawula gupuh dinuta gusti | kawarti sri narendra ||

70. sampun dumugi sagantên wêdhi | sri narendra kumêmbêng kang waspa | sarya alon andikane | iya salame ibu | liwat saking panuwun mami | bêktining ariningwang | dahat trimanipun | ibu andangu kang wayah | iya lagi kapenak ing mêngko iki | duta malih aturnya ||

71. dening ibu paduka narpati | salaminipun paduka tilar | asupe dhahar myang sare | sang nata ngandikarum | alah iya pra rabi sami | sapa kang mèlu padha | marang kangjêng ibu | umatur kang ponang duta | garwa nata satingal kawula gusti | wêwolu kathahira ||

72. nanging ulun tan uningèng nami | inggih kêkalih ingkang kagarwa | dhatêng ratunipun mangke | anênggih namanipun | Dyan Srênggara lan Dyan Turunsih | dening Dyan Ayu Kilwan | anyar dhatêngipun | saking Kamangunonêngan |

--- 28 : 34 ---

ri sampuning têlas atur duta kalih | kang ibu pamêlingnya ||

73. pan têlas pandanguning narpati | duta kalih malih matur sira | mring nata saha sêmbahe | dhuh gusti sang aprabu | ingkang wêling ibu narpati | yèn wontên lilah nata | ulun kinèn laju | dhatêng nagari Madura | sri narendra ngandika lêga ing galih | iya têka banjura ||

74. lawan sira sun gawani tulis | salam dongane ibu aturna | lan salam dongangong dhewe | padha têkakna iku | dèn tumêka marang si adhi | lan apa sawêkasnya | ibu mring sirèku | aywa ngungkak aturira | iya sawêlinging ibu turna sami | mring si adhi Madura ||

75. sigra mangkat duta èstri kalih | wus sinungan titihan turôngga | kang tinêdah dhèrèkake | Dyan Suryawinatèku | sakancanya ingkang umiring | wêwolu kathahira | ing sawingkingipun | duta kang marang Madura | wontên prapta dutanya pangran ngabèi | katur ing sri narendra ||

76. angaturakên kang sêmbah taklim | lan sang nata pêjah gêsangira | katura dhatêng sang katong | saking ing tiwasipun | ingabdèkkên dhatêng narpati | andikaning narendra | ya tarima ingsun | sêmbah taklime kang êmas | marang ingsun ponang duta matur malih | dhatêng sri naranata ||

77. ingkang atur raka padukaji | ing mangke sumôngga karsa nata | raka paduka sarèhe | angandika sang prabu | yèn kang êmas bisa nglakoni | iya anglumpukêna | sakèh

--- 28 : 35 ---

mantrinipun | kang kari nèng Kartasura | ingkang padha ala tèn-atènirèki | iku den anakana ||

78. dening besuk yèn salamêt prapti | ing Garompol iya lakuningwang | kang êmas aywa têlangke | dèn obongana pungkur | môngsa bodho kangmas ing buri | lah wis sira muliha | duta mêsat sampun | saking ngarsaning narendra | duk samana kangjêng pangeran dipati | sasênggange gêrahnya ||

79. nuntên karsanya sri narapati | andadèkakên ing karsanira | mangkat sing Pranaragane | gêcak Kartasurèku | mila ingkang abdi narpati | sami jinunjung lênggah | myang santana prabu | angandika sri narendra | mring kang rayi payo padha ngalih nami | lah adhi karo sira ||

80. adhi Dipanagara sun alih | jênênga Arya Adinagara | de adhi Arya Pamote | ngalih aranirèku | ajênênga sira ing mangkin | Arya Adiwijaya | lan Si Kata iku | arane Si Bangsantaka | angaliha aran tumênggung sirèki | iya Nitinagara ||

81. lan Si Kate arane ing nguni | Bôngsapatra mêngko angaliha | aran tumênggung namane | Kartinagara iku | lan Si Jaya sun junjung linggih | iya sun wèhi aran | jênênga Tumênggung | Sasrawijaya kalawan | Bêsar Jimus ya padha sun junjung linggih | karo ngaliha aran ||

82. Si Bêsar Angabèi Jangpati | Jimus Ngabèi Jangkewuh sira | Si Gobès dhingin arane | Nayamanggala iku | iya mêngko ngaliha nami |

--- 28 : 36 ---

ngabèi aranira | Suradiprajèku | Si Mariyun ajênênga | Angabèi Kartapraja ingkang nami | Si Brôngta ajênênga ||

83. Si Angabèi Wiraprajèki | kaponakane Si Ragisuta | iya sun junjung lungguhe | ajênênga sirèku | Rôngga Wirantaka namèki | lan Si Citradiwirya | arana Tumênggung | kalawan Si Sôntayuda | ajênênga Wôngsanagara Ngabèi | dene Wôngsamênggala ||

84. ingsun jênêngakên Si Ngabèi | Jayakrêndha de Si Trunawôngsa | ajênênga ngabèine | ya Si Jayaendrèku | apadene Si Wôngsapati | Garembyang ajênênga | angabèi iku | Amatangyuda namanya | bocah ingsun pêpinggir Wôngsatrunèki | iya ngaliha aran ||

85. jênênga Ngabèi Yudapati | pamanane iya ajênênga | Ngabèi Sêtratrunane | Si Naladiwangsèku | ingsun jênêngakên Ngabèi | Jayasudira sira | Si Wôngsajayèku | ingsun alihakên aran | ajênênga sira Dêmang Gardapati | dene Ngabdulrahêman ||

86. jênênga Ngabèi Wôngsaniti | ri sampuning kang abdi sadaya | têlantêlas. jinunjung linggihe | wau Pangran Madiun | ingkang saking bantu ajurit | saking desa Barangkal | ing salorodipun | mêngsah kang anèng Kaduwang | pangran kalih apan sampun sami prapti | nagari Pranaraga ||

87. duk samana nuntên wontên warti | katur dhumatêng sang sri narendra | yèn nagara Madiune | sampun kancikan [kancika...]

--- 28 : 37 ---

[...n] mungsuh | saking nagri Kartasurèki | têtindhihing ayuda | anama Tumênggung | Natayuda kanthinira | kang anama Kya Tumênggung Maospati | dhusun Bayêm ngancikan ||

88. sigra Pangeran Madiun kalih | atur pamit dhumatêng sang nata | mantuk dhatêng Madiune | dene ing lampahipun | arsa lajêng gêcaka nuli | mêngsah ingkang kawarta | nèng Bayêm gènipun | samana sampun linilan | de sang nata Pangeran Madiun kalih | wus mangkat lampahira ||

89. ri sampuning bodhol pangran kalih | ya ta anuntên sri naranata | datan antara lamine | sigra mêpak wadya wus | karsanira sri narapati | agya akarsa mangkat | dhatêng ing Madiun | kang wadya enggar sadaya | manahira wadya wus samakta sami | sang nata arsa mangkat ||

90. kasaru wontên kang duta prapti | sing Pangran Madiun kalihira | atur uninga praptane | dhumatêng sang aprabu | lamun wontên kang mêngsah prapti | ngancik lèr Jagaraga | malah wus anungkul | têtiyang ing Jagaraga | wontêndene barise pangeran kalih | Madiun kang pangarsa ||

91. wontên sawetaning Saosragi | amaspaoskên lampahing mêngsah | kathah kalawan kêdhike | angadikaangandika. sang prabu | padha konên dingati-ati | si adhi Martalaya | Mangkunagarèku | anadene jênêngingwang | tan antara kalawan lakunirèki | pan ingsun nuli mangkat ||

92. têlas ingkang pamêling narpati | ponang duta wus mêsat ing ngarsa | nata tumulya [tumu...]

--- 28 : 38 ---

[...lya] sang katong | amêpak wadya sampun | myang wahana sampun cumawis | ingkang warni turôngga | miwah joli tandhu | marêngi lampahnya prapta | Rajaniti ing Pasuruan praptèki | apan tan antuk karya ||

93. enjing umangkat sri narapati | saking nagari ing Pranaraga | gumrah swaraning wadyakèh | andhêndhêng lampahipun | sarêng prapta ing Toyaasin | Taman Gantêr sakêdhap | kèndêl sang aprabu | sigra lajêng lampahira | sri narendra sami sadintên ing margi | ing Madiun wus prapta ||

94. sapraptaning Madiun narpati | ya ta sang nata sampun ngadhatyan | wau anèng ing dalême | Pangran Martalayèku | wadyabala wus samya mrêgil | mangkana kawarnaa | pangran ing Madiun | kalih ngaturi uninga | mring sang nata yèn baris Maduntên prapti | wontên ing bumi Jipang ||

95. kawan èwu cacahing prajurit | ingkang mêdal kilèn kalih nambang | Jayèngrana ngaturake | ing kapenakanipun | Ki Tumênggung Mataun nênggih | awasta ni bok Rêtna | tiyang èstri wau | ênggènnya anèng Padhangan | angandika nata kinèn mundhut aglis | tiyang èstri punika ||

172. Sunan Garêndi anduta pun Kênang, nêlukakên môncanagari

96. sawingkingipun ingkang tinuding | amundhut tiyang èstri punika | nèng Kapadhangan ênggène | wontên ingkang winuwus | dutanira Sunan Garêndi | saking ing Kartasura | pun Kênang ranipun | kaipe [ka...]

--- 28 : 39 ---

[...ipe] Panji Tohjaya | pun dinuta dhatêng ing môncanagari | kinèn anêlukêna ||

97. lampahira pan amawi kanthi | mila pun Kênang sagah dinuta | agêng pangêbang-êbange | pangêbange ing sanggup | pan ginanjar Jipang nagari | samôngsa kalakona | sadaya atêluk | môncanagara bang wetan | pun Kênang amasthi kinarya bupati | lêlênggah nagri Jipang ||

98. mila lampahe tan sônggarunggi | pun Kênang ing panêrkaning nala | sang nata tinarka maksèh | anèng Pranaragèku | angadhaton dèrèng gumingsir | sing nagri Pranaraga | dening kanthinipun | sami amawi bang-êbang | tiyang gangsal kanêm piyambakirèki | mangkat sing Kartasura ||

99. cara dagang lampahirèng margi | asandi mawi lêmbu momotan | pramila eca manahe | panarkanirèng kalbu | dahat samar sandinirèki | samana lampahira | praptèng ing Madiun | jajahan jawining kitha | kanggêg ing tyas kumêpyur miyarsa warti | yèn mangke sri narendra ||

100. sampun ngadhaton dalêmirèki | Pangran Madiun Amartalaya | myang wadya kaèksi akèh | wadya môncanagriku | kwèh nyalambrang kang alit-alit | dadya kang ponang duta | dahat tyas pakewuh | ngraos kalorop lampahnya | nanging pun Kênang sampun èngêt ing ati | mring ipe Ki Tohjaya ||

101. yèn umiring ing lampah narpati | tumut makuwon ing dalêm kitha | tan têbih lawan gustine | pun Kênang [Kê...]

--- 28 : 40 ---

[...nang] asung rêmbug | maring dutaning kônca sami | kinèn sami kandhêga | ngulari rahayu | pun Kênang manjing jro kitha | ing Madiun kang wingking dèn ubayani | ing dina angkatira ||

102. pun Kênang praptane jro kithèki | wus apanggih lan Panji Tohjaya | kalangkung kumêpyur tyase | Ki Tohjaya andulu | marang ipenira duk prapti | ingkang wasta pun Kênang | pinariksa sampun | uwusnya Kênang balaka | marang ipe Ki Tohjaya tumulyaglis | ningidakên pun Kênang ||

103. sigra Ki Tohjaya sowan aglis | mring sang nata sapraptaning ngarsa | umatur saha sêmbahe | asandi aturipun | kawula ngaturi upaksi | yèn wontên wadya nata | tiyang ing Madiun | têtiyang alit kewala | atur warti dhatêng ing kawula gusti | yèn wontên duta lintang ||

104. dutanipun Susunan Garêndi | dinuta dhatêng ing Wintên sowan | dhatêng pun Kartapatine | dhatêng ing lampahipun | duta taksih dèrèng lumaris | taksih nèng kilèn kitha | nanging sêdyanipun | mêdal saêlèring kitha | dintên benjing arahe gènnya lumaris | saking ing panginêpan ||

105. dahat waspaos wadya narpati | tiyang Madiun ingkang awarta | dhatêng kawula nah anggèr | mila waspaosipun | wadya nata têtiyang alit | ing Madiun adagang | mring Kartasurèku | amondhok cêlak wismanya | kang dinuta sarêng mangkat dèn sarêngi | mring wadya kang awarta ||

106. malah lampahe acara grami |

--- 28 : 41 ---

pun duta bêkta lêmbu momotan | sarta lawan momotane | dene bêbêtanipunbêbêktanipun. | inggih ingkang awarni tulis | dinèkèk dalêm kuran | winotakên wau | wontên sadalêm karanjang | munggwing lêmbu lampahnya samya dèn iring | duta mawi turôngga ||

107. kagyat ing tyas sang sri narapati | mirsa aturnya Panji Tohjaya | sang nata ngandika age | kinèn nimbali sampun | ari Pangran Madiun kalih | kinèn sami saosa | andhèrèk sang prabu | yèn mangkya sri naranata | arsa acangkrama mring salèr kithèki | ri sampuning mangkana ||

108. enjing wus samêkta pangran kalih | sigra mangkat cangkrama sang nata | dhatêng salèring kithage | ingiring ing wadyagung | datan kantun pangran dipati | sapraptanirèng wana | salèring kithèku | akathah sandining lampah | ambêburu ayam alas miwah pêksi | wus dangu ing antara ||

109. anèng wana salèring kithèki | sri narendra adangu angantya | angadhang duta lintange | mêksa tan wontên langkung | sri narendra asêmu runtik | ing tyas mring Ki Tohjaya | sang nata gya kondur | maring sadalêming kitha | angadhatyan sawingkingira narpati | Ki Tohjaya uninga ||

110. yèn kadukan ing tyas mring narpati | Ki Tohjaya sakit manahira | anulya mêpak kancane | sigra anuli wangsul | Ki Tohjaya ngadhang dutèki | prapta salèring kitha | rada wetanipun | tan adangu gya kapêdhak | ponang duta wênèh anitih turanggi |

--- 28 : 42 ---

eca dènnya lumampah ||

111. duta lêlima kathahirèki | ingkang sami anitih turôngga | angiringakên lêmbune | ingandhêg lampahipun | dhatêng ingkang samya nyêgati | kancane Ki Tohjaya | kang satunggil wêruh | ing wadi agya lumaywa | kantun sakawan sampun dèn pirantèni | kacêkêl kapat pisan ||

112. kapariksa bêbêktanirèki | wus kapanggih wau sêratira | anèng ing dalêm kurane | nèng jro karanjang lêmbu | gènnya dèkèk kuranirèki | samana wus jinarah | sadarbèkirèku | kapat pan sampun kabêsta | ponang duta pan sampun kabêkta mulih | malêbêt ing jro kitha ||

113. praptèng kitha katur ing narpati | langkung suka sang nata ing nala | sarta ngaturkên surate | wus ingasta sang prabu | gya winaos kang ponang tulis | wus kadriya kang surat | ing suraosipun | sigra kinèn amariksa | ponang duta aturira dahat kumbi | angakên yèn adagang ||

114. sigra sinungkên suratirèki | bêbêktane saking Kartasura | ponang duta pandhingkule | apan tan sagêd matur | nulya kinèn mariksa sami | tanah ing wismanira | nulya samyatur |Kurang satu suku kata: nulya samya matur. angakên wong Wirasaba | kang têtiga pangakêne kang satunggil | tiyang ing Kartasura ||

115. malah angakên putranirèki | Kya Sokadana ing Kartasura | kaum saking kadipatèn | lan malih aturipun | wontên ingkang ingambat malih | ingkang wasta pun Kênang | ingakên têtunggul | kang dhinèrèk [dhinè...]

--- 28 : 43 ---

[...rèk] lampahira | kèsahipun sagah mring Madiun ngriki | punika ngupadosa ||

116. nanging duta pangambatirèki | tan pinituhu mring Ki Tohjaya | amung kang ingaturake | dhumatêng sang aprabu | pangakêne tanahirèki | yèn wadya Wirasaba | duta kang têtêlu | satunggil wong Kartasura | sri narendra ngandika kinèn nampèni | marang wong Surabaya ||

117. iku têka dèn rêksaa dhingin | ingsun nistha yèn amatènana | mungguhing mungsuh dutane | Ki Tohjaya kumêpyur | ing jro nala mirsa dikaning | nata ingkang mangkana | agêng watiripun | dhumatêng ing ipenira | Ki Tohjaya nuli sangêt amintasih | dhatêng wong Surabaya ||

118. duta kinèn nuhuna tumuli | pêjahira dhumatêng sang nata | ywa kongsi gêgawa ngakèh | têmah nênuwe laku | wadyèng Surabaya ngrêmbagi | ya ta lêlurahira | gya awêling atur | anuwun ing pêjahira | ponang duta punika wong ala yêkti | ngingu damêl punapa ||

119. mindhak andêdangu lampah aji | amarêngi lêga tyas narendra | ya ta wus linilakake | duta ing pêjahipun | gya binêkta dhatêng ing kali | marang wong Surabaya | pinêjahan sampun | duta pêjah kapat pisan | wontêndening jarahan wunwus. kinèn sami | anduma dèn warata ||

120. ri sampuning mangkana anuli | sang nata kang madêg panêmbahan | andhawuhkên timbalane | dhatêng Pangran Madiun | kang anama Martalayèki |

--- 28 : 44 ---

lawan Mangkunagara | timbalan kang dhawuh | lamun Kangjêng Panêmbahan | Brawijaya arsa mangkata tumuli | mangsah nitih ing yuda ||

121. angrabasèng ing Kartasurèki | pangran kalih kinèn asayaga | myang kang wadyabala kabèh | myang môncanagarèku | apan samamun samêktèng jurit |Lebih satu suku kata: apan sampun samêktèng jurit. miwah wong Pranaraga | pêpak nèng Madiun | asaos karsaning nata | duk samana praptaning antara sami | nuju ing wulan Siyam ||

122. tanggal pisan umangkat narpati | kang umadêg nata Bauwarna | iya Pangran Dipatyanèm | kang rama ajêjuluk | Panêmbahan Brawijayèki | anitihi ngayuda | kang wadya panganjur | ing lampahe Mangunyuda | sakathahing punggawa môncanagari | minôngka cucuking prang ||

123. angkatira saking ing nagari | Madiun wau sang sri narendra | kang wadya gumrah swarane | apan apindha jawuh | sinêmèni swaraning jalmi | ginêlak lampahira | ing Kincang wus rawuh | sadalu amasanggrahan | enjing budhal sadintên dènnya lumaris | ing Kukur sampun prapta ||

124. wus amasanggrahan sri bupati | anèng Kukur sigra Jayèngrana | kinèn amêthuka age | mring pawèstri kang katur | nèng Madiun mring sri bupati | kang anèng Kapadhangan | Jayèngrana sampun | amêthuk ing kadangira | sapraptane pawèstri katur narpati | manahe mundur mara ||

--- 28 : 45 ---

173. Pangeran Madura ambidhalakên prajurit kapurih ambêdhah Kartasura

214. Durma

1. ênêngêna lampahe sang sri narendra | kèndêl Kukur abaris | ingkang kawuwusa | wadya ing Kartasura | wong Cina kawonnya jurit | saking Lêmahbang | nèng Tuntang jurit malih ||

2. duk ing Tuntang karêtêg sampun binubrah | ramya prang êlêt kali | tan wontên kasoran | samya pisah kewala | samana kèndêl abaris | prajurit Cina | nèng kidul Tuntang nênggih ||

3. barising Kumpêni kèndêl nèng Ungaran | kumêndhan Ondrop aglis | ngaturi uninga | marang nagri Samarang | yèn unggul dènira jurit | trusthèng wardaya | kumêndur komasaris ||

4. wontêndening prajurit ing Kartasura | Cina kang kawon jurit | sira Mudha Cupyan | lawan Ki Garwakôndha | atur uninga tumuli | mring Kartasura | yèn rêmpu ing ajurit ||

5. duk miyarsa Ki Mangunonêng Dipatya | lan Dyan Martapurèki | langkung susahira | gantya kang kawuwusa | dutanira sri bupati | ing Pranaraga | kang marang Madurèki ||

6. ni bok Gadhung Waringin lampahnya prapta | nagara Madurèki | dhawuhing Pangeran | Madura surat nata | ri sampuning nupiksani | Pangran Madura | angguguk ngêntrog wêntis ||

7. dene sang nata purun mangko ngrêrêpa | dènnya mundhut prajurit | alon angandika | iki baya sang nata | kapok angênêng [a...]

--- 28 : 46 ---

[...ngênêng] mring mami | dèn rasakêna | dhahar atur wong jail ||

8. animbali maring patihira prapta | Radèn Mangundaraglis | lan kang para lurah | prapta andhèr ngayunan | ran pun Jayasudirèki | Jayaprameya | lan pun Truna Tan Gingsir ||

9. Radèn Darmawôngsa punika santana | lan Dyan Kartaprajèki | sutèng Sindurêja | punggawa Kartasura | punika sami tinuding | wong tigang nambang | punika kang dèn irid ||

10. pitung atus ingkang asikêp sanjata | sinapan lawan karbin | sèwu kanêmbêlah | kang samya sikêp tumbak | binang bung ampèl lan jinggring | cêmêng kumbala | badhak putih awêgig ||

11. kang kapitu bêlah barancuh sikêpnya | towok tulup lan lêmbing | pêdhang endhe lawan | dhadhap balorong kantar | bêstrong kalantaka nênggih | kèhnya sawidak | pangeran ngandikaris ||

12. sira Jayasudira kang lumakua | nindhihi ing ajurit | lan Si Kartarêja | dadia tingal ingwang | bêdhahên Kartasuraglis | Si Darmawôngsa | lan Si Truna Tan Gingsir ||

13. lan Si Jayaprameya padha milua | lawan Si Ardapati | lan Si Dipasana | ing Tuban angêriga | kabèh gawanên ajurit | wadya ing Tuban | siji aywana kèri ||

14. wong Garêsik Sêdayu kêrigên inggal | nging aywa mèlu jurit | padha ngêtêpana | mring wong ingsun Madura | suraka saking ing wuri | wong tigang nambang | iku dimène jurit ||

15. poma yèn ora bêdhah ing Kartasura | siji aywana mulih | ya muliha aran | ywa

--- 28 : 47 ---

kongsi amimirang | kalah prang lan kere gudhig | anjing ngumbara | Cina iku nèng Jawi ||

16. atur sêmbah kang para mantri sadaya | pangran ngandika malih | dene panêmbahan | kang anèng Pranaraga | ywa kudu sira antèni | têka banjura | nuli gêcêkên aglis ||

17. yèn wus bêdhah ing besuk iya agampang | ing wuri ana pikir | lan besuk yèn aprang | kabèh padha gundhula | watêke luput ing mimis | ujare iya | ing iladuni mami ||

18. lan yèn katêmu bêndaramu turana | mulih mring Maduraglis | ya sira suwuna | marang ing panêmbahan | yèn wus bêdhah kang nagari | sira matura | yèn atmajane mangkin ||

19. padha mular atanya ibu maringwang | budhala besuk Kêmis | sagung para lurah | sadaya ngaras pada | mundur sayogèng ajurit | wong tigang nambang | wus samya dèn lèlèri ||

20. para lurah samya ginanjar carapang | rasukan lan bêbênting | baludru sadaya | rendanira nyatêbah | kabèh sami udhêng gilig | wadya sadaya | panumbak lan saragni ||

21. arasukan sangkêlat samya rêrendan | abang biru lan kuning | wungu lan mêmegan | amyang yèn tiningalan | miwah kang rasukan putih | atêratean | tinon lir prawatagni ||

22. kalaganjur tinêmbang muni angangkang | budhal sagung prajurit | numpak ing baita | Garêsik dènnya mêntas | ing Lamongan kang dèn jogi | mêdal ing Jipang | gègèr samargi-margi ||

23. pangarsane [pangarsa...]

--- 28 : 48 ---

[...ne] Ki Dêmang Jayaprameya | ngirid wong tigang biting | cucuking ayuda | Rahadèn Darmawôngsa | lan Radèn Truna Tan Gingsir | wus praptèng Jipang | rêrêb apacak baris ||

24. budhalira saking nagari ing Jipang | ing Kaduwang dèn jogi | gantya kawuwusa | wau sri naranata | Susunan Ambauwarni | myang Panêmbahan | Brawijaya anênggih ||

25. anêng Kukur baris pasanggrahanira | siniwakèng wadyalit | kalane samana | Pangran Madiun sira | kalih ngaturi upaksi | yèn wong Madura | sadêdamêle jurit ||

26. wontên Kawu ênggènipun pamondhokan | punika ing pawarti | ya ta kawarnaa | mangsuli lêlampahan | kala angkaknyaangkatnya. ing nguni | jêng panêmbahan | sing Madiun nagari ||

27. ingkang putra kangjêng pangeran dipatya | ingkang madêg narpati | kang sampun anama | Susunan Bauwarna | lan kang garwa taksih kari | sira Rahadyan | Ayu Pranaragèki ||

28. taksih sami kantun Madiun nagara | lan putra sang narpati | dening lampahira | kang rama Panêmbahan | Brawijaya duk praptaning | Kukur samana | antawis tigang ratri ||

29. nulya wau animbali ingkang putra | Susunan Bauwarni | lawan ingkang garwa | Dyan Ayu Pranaraga | mila nimbali kang siwi | jêng panêmbahan | ngraos onêng ing galih ||

30. sigra mangkat saking Madiun nagara | Prabu Nom Bauwarni | lawan ibunira | Dyan Ayu Pranaraga | saha wadyanya umiring | lampah ginêlak | tan [ta...]

--- 28 : 49 ---

[...n] rêrêb Kincang malih ||

31. apan lajêng Prabu Anom lampahira | ing Kukur lajêng prapti | panggih lan kang rama | wau jêng panêmbahan | kalangkung lêga ing galih | praptaning putra | wadya wus samya mrêgil ||

32. duk samana panêmbahan wus anduta | marang Jayèngranèki | mêthuk kapenakan- | nira Mataun Jipang | Kapadhangan gènirèki | nama bok Rêtna | èstri wus samya prapti ||

33. nulya wontên dutanya Radèn Dipatya | Suradiningrat prapti | ngaturi uninga | dhatêng jêng panêmbahan | yèn mêngsah ing mangke prapti | wong Kartasura | ngancik Jagaragèki ||

34. ing Carême wastane dhusun punika | ingkang dipun pondhoki | têtindhihing mêngsah | wasta pun Natayuda | kalihan pun Maespati | Yudanagara | lan pun Pringgalayèki ||

35. angandika panêmbahan marang sira | Pangran Madiun kalih | adhi Martalaya | miwah Mangkunagara | kayapa karêpirèki | dening kang mêngsah | anèng Carême iki ||

36. saha sêmbah ature pangran kalihnya | asmu bramatyèng jurit | inggih jêng paduka | gusti dipun sakeca | sampun arêngat ing galih | yèn dèrèng pêjah | abdi paduka kalih ||

37. pun Martalaya pun Amangkunagara | de yèn sampun nêmahi | palastra ing rana | gusti abdi paduka | sumôngga ing karsa gusti | datan uninga | têmah ing wingking-wingking ||

38. panêmbahan suka ing tyas myarsa turnya | Pangran Madiun kalih | ya ta angandika | panêmbahan [panêmbah...]

--- 28 : 50 ---

[...an] mring sira | Pangeran Madiun kalih | ngong wus pracaya | marang karo sirèki ||

39. pangran kalih saha sêmbah aturira | saking ngarsaning gusti | sigra amêmatah | marang ing wadyanira | prajurit ingkang winarni | myang kang santana | samya binagi-bagi ||

40. miwah Radèn Dipati Suradiningrat | pan sampun dèn pundhuti | wadya pêpilihan | prajurit ingkang sura | kang tate asabèng latri | wong kapêtêngan | namanya kang prajurit ||

41. duk samana pan sampun sami pinatah | marang radèn dipati | wadyèng Pranaraga | prajurit kêkapalan | tan mawa dharat sawiji | wong kapêtêngan | wus sinungan têtindhih ||

42. pan santana têtindhihirèng ayuda | kathahe winatawis | wadyèng Pranaraga | gangsal atus prawira | sakathahing kang turanggi | kêndhangsulira | mêmonce dèn ulapi ||

43. dene prajurit Madiun wus samêkta | sabusanèng ajurit | apan pêpilihan | samya munggèng turôngga | kang tate asabèng ratri | wong kapêtêngan | namanira prajurit ||

44. kang minôngka têtindhirèng ayuda | pêpatihirèng nênggih | Pangran Martalaya | kapêrnah arinira | Dyan Sewaka kala alit | wadya ngundhangan | ywa mêmoncèn kêndhali ||

45. prajurite Pangeran Mangkunagara | têtindhihnya pêpatih | ran Mangkuwijaya | wus samya asamêkta | wus kumpul lan Pranaragi | kathahing kuda | sewu yèn winatawis ||

--- 28 : 51 ---

46. sigra kinèn sadaya sami umangkat | sarya sami winêling | marang gustinira | aywana numbak janma | yèn sira tan dèn dhingini | wadya sadaya | angèstokakên sami ||

47. sampun dalu angkatnya sing pamondhokan | lampahnya pindha maling | tan ana caraba | wataking lampah kathah | amung gumrudug swarèki | datan winarna | ing marga sampun prapti ||

48. wus angrampid ing Carême pabarisan | sampun ing lingsir wêngi | wong ing Kartasura | tan nyana kadhatêngan | pan sami eca ing galih | kathah anendra | kang mêlèk ngantuk sami ||

49. sarêng prapta wong Madiun Pranaraga | sigra angamuk sami | nêmpuh pabarisan | tan ana kang tinaha | amung amuk swaranèki | myang kukuk samya | wus ngancik jroning baris ||

50. dadya wong Kartasura kagyat kewala | kasompok ing ajurit | tanpolih nglawana | dadya gègèr puyêngan | tan buh mungsuh tan buh kanthi | wênèh anumbak | ing rowangnya pribadi ||

51. prajurite kang alit asalin tunjang | samya arêbut urip | tan èngêt bêndara | malayu tilar watang | wênèh ana tilar bêdhil | têtindhihira | pan sampun sami gusis ||

52. kang sawênèh lumaywa lan panakawan | punggawanira sami | wus larut sadaya | baris ing Kartasura | wus sami dipun jarahi | sadarbèkira | kang sami dèn tilari ||

53. duk samana apan sampun byar raina |

--- 28 : 52 ---

malah tumêngkèngtumêkèng. enjing | prajurit sadaya | pangagêng-agêngira | tan nêdya mantuk tumuli | pangraosira | tanggêl lampahirèki ||

54. dening Jagaraga wus tumut ing mêngsah | aturing kang prajurit | pan tanggêl ing lampah | lêhêng pun Jagaraga | linajêngêna ing mangkin | inggih ing benjang | aywa tanggêl ing jurit ||

55. wus arêmbag akathah punggawanira | sigra umangkat aglis | sing Crême samana | dhatêng ing Jagaraga | datan kawarna ing margi | bêdhug wayahnya | praptaning Saosragi ||

56. nuju dhawuh prapta nèng ing Jagaraga | caramuk tandangnèki | tan ana nglawana | wadya ing Jagaraga | sadaya gusis angili | tumênggungira | sigra nungkul tumuli ||

57. sasampuning anungkul tumênggungira | ing Saosragi mangkin | mring punggawa wetan | Madiun Pranaraga | anulya budhal tumuli | punggawa wetan | saking ing Saosragi ||

58. saha bêkta bongkokan ing Jagaraga | tumênggungnya tan kari | pan sampun kabêkta | dhatêng punggawa wetan | lampahira sampun prapti | ing pamondhokan | katur pangeran kalih ||

59. Pangran Martalaya lan Mangkunagara | langkung trusthaning galih | gya atur uninga | dhatêng jêng panêmbahan | yèn mêngsah Carême gusti | ing mangke sirna | kamuk kalaning latri ||

60. miwah abdi paduka ing Jagaraga | sampun anungkul gusti | konjuka paduka | panungkule punika | tumênggungipun abêkti | ing panêmbahan |

--- 28 : 53 ---

kasaosakên jawi ||

61. angandika aris kangjêng panêmbahan | dhatêng pangeran kalih | lah sira kanthia | nunggal gawe lan sira | lah uwis mangkata dhingin | de lakuningwang | mangkat sawurinèki ||

62. ri sampuning Pangeran Madiun mangkat | saha Radèn Dipati | Suraadiningrat | myang wong môncanagara | wus samya mangkat nèng ngarsi | ing lampahira | panêmbahan winarni ||

63. anèng Kukur masanggrahan sang aratya | nulya umangkat enjing | ginlak lampah kula | ing dhusun Gêrèh prapta | anulya rêrêb narpati | amasanggrahan | nulyana duta prapti ||

64. dutanira Tumênggung Tirtawiguna | saking nagri Samawis | sakawan kathahnya | ingaturakên surat | dhatêng panêmbahan nênggih | katur kang surat | wusing tinupiksèki ||

65. pêndhak sontên duta sakawan pamitan | nuwun lilaning gusti | arsa umantuka | linilan kang têtiga | pinundhut ingkang satunggil | mring panêmbahan | wastanipun kang kari ||

66. pun Bujangga Taruna wastaning duta | kang kapundhut ing gusti | sinrahkên samana | marang Ki Wirarêja | anulya sang sri bupati | enjing umangkat | saking Gêrèh lumaris ||

67. kalih dalu nèng Gêrèh amasanggrahan | sang nata nulya prapti | dhusun ing Maliwat | sampun amasanggrahan | dening pangarsanirèki | baris nèng Ingas | wadya môncanagari ||

68. tigang dalu sang nata amasanggrahan | nulya umangkat enjing | baris kang

--- 28 : 54 ---

pangarsa | sampun bubar sing Ingas | sang nata lampahnya prapti | dhusun ing Ingas | masanggrahan narpati ||

69. kalih dalu laminya anèng ing Ingas | nulya umangkat enjing | baris kang pangarsa | budhal saking ing Sangkal | prapta ing Piji abaris | jêng panêmbahan | ing Sangkal sampun prapti ||

70. masanggrahan anèng Sangkal panêmbahan | saha sri narapati | enjing aputusan | kinèn amariksaa | praptane wong Madurèki | ingkang kawarta | anèng Kawu abaris ||

71. kang dinuta Tumênggung Citradiwirya | lan Dhandhangwacanèki | Dyan Suryawinata | sakawan Kartapraja | ginêlak lampahnya margi | acêcongklangan | sira Kartaprajèki ||

72. sarêng katingal saking pondhok Madura | lampahing duta sami | kagyat wong Madura | sami ngrêgêp sanjata | wanèh tumbak ana bêdhil | gya samya mêdal | papan atata baris ||

73. katingalan kang duta tan munasika | tan kandhêg lampahnèki | sigra pinarpêkan | dening tiyang Madura | tinanyan kang duta angling | ngakên yèn sira | dutanya sri bupati ||

74. ingkang kombul kang madêg nèng Pranaraga | eca tyasnya kang baris | lajêng ngirid sira | malêbèng pamondhokan | sadaya sampun kapanggih | gêng-agêngira | wong Madura kang prapti ||

75. kang anama sira Ki Jayasudira | lawan Kartarêjèki | Radèn Darmawôngsa | Truna Tan Gingsir sira | pan sampun tata alinggih | sakawan pisan |

--- 28 : 55 ---

lan dutaning narpati ||

76. Ki Citradiwirya dhawuhkên kang salam | donga sang sri bupati | mring wadya Madura | pangagêng nuhun turnya | Citradiwiryangling malih | laku manira | dinuta ing narpati ||

77. kinèn andangu lampahipun kang duta | nguni èstri kêkalih | bok Gadhung satunggal | namane kang dinuta | kalayan ni bok Waringin | kadya punapa | mangkin samya basuki ||

78. lan kadya punapa praptaning Madura | inggih duta kêkalih | ya ta saurira | pangagênging Madura | manira boya udani | yèn wontên duta | prapta saking narpati ||

79. amung ingkang parentah gusti manira | ingkang manira pundhi | pangran ing Madura | dening lampah manira | sadaya puniki mangkin | kinèn ambêdhah | nagri Kartasurèki ||

80. kinèn sampun manira asalah lampah | kinèn mêlêng pribadi | yèn botên bêdhaha | nagari Kartasura | de lampah kula puniki | pasthi sadaya | puniki datan mulih ||

81. pasthi kalampahan kabèh mantuk aran | yèn datan antuk kardi | bêdhah Kartasura | dene jêng panêmbahan | karsa ngrêbat kang nagari | ing Kartasura | sêsarêngan abêcik ||

82. kanggêg ing tyas duta kapat tanpa ngucap | salah graitèng galih | de tiyang Madura | pangucape mangkana | tinarka yèn sanès kapti | tiyang Madura | tan wande makèwêdi ||

83. dangu-dangu watêking apagunêman | nulya angucap malih | pun Jayasudira | dhatêng Citradiwirya | adhi kawula puniki | inggih angucap |

--- 28 : 56 ---

dhatêng dika pribadi ||

84. mungguh panjênêngane gusti manira | Pangeran Madurèki | ênggènnya ngawula | dhumatêng sri narendra | têrah sing lêluhurnèki | wiwit Mataram | dhatêng Kartasurèki ||

85. pan tumêrah dhatêng ing gusti manira | sunan kombul puniki | yèn upamakêna | mungguh rabi andika | rabi asêpuh pribadi | nanging andika | sangêt nglarakkên galih ||

86. anulya dika sapatilaring garwa | sangêt manggih bilahi | upama manira | rabi andika tuwa | èngêt dika darbe rabi | ambyuk manira | inggih kula tadhahi ||

87. nanging kula ambêbeka mring andika | nyoba manahing laki | tandhaning sayêktya | ênggèn amêngku garwa | angapura wong asisip | kalakon benjang | bedhang kawula ugi ||

88. kula ajak sêsarean pangkon dika | yèn dika datan gigrig | ing manah sayêktya | amêngku dhatêng garwa | pan kula puniki èstri | pasthine uga | mantuk malih angabdi ||

89. puniku adhi ing upama kawula | de sagah kula adhi | benjang kalakona | pangran ingabdèkêna | malih dhatêng sri bupati | etang-etangngetang-etangan. | sambutaning wong Jawi ||

90. mring Kumpêni ingkang kabrok ing sang nata | sampun sumêlang malih | galihe sang nata | pasthi adhi kawula | ingkang yoga anauri | wawrat manira | datan dados panganti ||

91. pasthi yèn kasauran padha samangkya | dene panaur mami | ing wawrat manira | môngsa kongsi gêpoka |

--- 28 : 57 ---

sêsoroge ingkang pêthi | kangjêng pangeran | adhi panaur mami ||

92. nanging adhi yèn dika datan kawawa | awrat pambeka mami | watara manira | adhi jênêng andika | mungguha ing rabi padmi | pintên barangnya | dika ngagêma malih ||

93. sampun ingkang angagêma yèn ngagêma | ngibarat kula adhi | nyandhaka kewala | poncote sinjang kula | aprasasat dika adhi | ngêkêp ing kula | punika dipun eling ||

94. duta papat saure lêrês andika | kakang punika benjing | nulya tanpa ngucap | samya ngartikèng nala | yèn tan tahana ing benjing | awrating beka | yêkti amakèwêdi ||

95. duta kapat sampun mêsat saking ngarsa- | nira wong Madurèki | ginêlak lampahnya | wus praptèng pamondhokan | atur uninga ing gusti | yèn lampahira | prapta gya dèn timbali ||

96. sapraptaning ngarsanya jêng panêmbahan | wus ngaturakên sami | ing sasolahira | lampahira dinuta | sakêdhap kèndêl tanpangling | jêng panêmbahan | angartika ing galih ||

97. mupus ing tyas yèn ana karsaning Allah | ingsun pinasthi mulih | maring Kartasura | môngsa ingsun kandhêga | dening wong Madura iki | dyan kawarnaa | baris ing Madurèki ||

98. sawingkinging duta anulya têngara | nata barisirèki | sampuning samêkta | nulya budhal saksana | saking Kawu sigra prapti | ing Palumbungan | sêdhêngnya lagi prapti ||

99. apan taksih sami akadhar kewala | prajuritnya

--- 28 : 58 ---

kang alit | kathah sami kesah | ngulari pondhok sira | wanèh ngulari pakolih | datan antara | mêngsah Cina dhatêngi ||

100. kagegeran kang kantun wadya Madura | ningali mungsuh prapti | sigra asiyaga | sakantun-kantunira | nanging sakèhing kang kari | bêbêcikira | wus sami tata baris ||

101. tiyang Cina ningali tiyang Madura | dinugi yèn akêdhik | sigra tiyang Cina | purun panêmpuhira | wus cêlak sarêng ambêdhil | têtiyang Cina | mring bala Madurèki ||

102. tan gumingsir binêdhilan wong Madura | sigra malês ambêdhil | rame dènnya yuda | bêdhil-binêdhil samya | warnanên kang kesah sami | tiyang Madura | sagêgaman tan kari ||

103. amiyarsa swaraning bêdhil ing wuntat | rame swaraning jurit | kagyat wong Madura | kang samya kesah-kesah | angraos kantun ing jurit | kagyat lumaywa | ajrih kantun ing jurit ||

104. ramening prang tan ana nêdya ngundura | apan ungkih-ingungkih | gya tiyang Madura | kang kesah kathah prapta | lajêng anapung ing jurit | dadya akêkah | wong Madura prangnèki ||

105. prajurit Cina wruh yèn sangsaya wêwah | prajurit Madurèki | sigra anarajang | wau prajurit Cina | sêdya murugakên abir | de wong Madura | winawrat taksih kêdhik ||

106. wong Madura atanggah datan suminggah | majêng dènnya nadhahi | têmpuhing ayuda | rame ulêng-ulêngan | bingung pangamukirèki | tiyang Madura | rinoban ing ajurit ||

--- 28 : 59 ---

107. pangamuke kang aran Kêbogalagah | prajurit Madurèki | apindha rasêksa | rinoban ing akathah | wong Cina wus kathah kanin | wanèh kang pêjah | Kêbogalagah mati ||

108. wong Madura taksih kathah ingkang prapta | nêmpuh sing kanan kering | singa-singa prapta | lajêng ngamuk kewala | sangsaya kêkah ing jurit | wadya Madura | wong Cina sampun miris ||

109. dening wadya môncanagara sadaya | samya prayitnèng wèsthi | nanging datan obah | saking ing pondhokira | ngantos parentahing gusti | nadyan yudaa | lan parentahing gusti ||

110. tiyang Cina wus mundur enggal-enggalan | prajurit Madurèki | tan owah sing papan | watêking sami sayah | wus ayogya mondhok sami | Kêbogalagah | jisim wus dèn bêciki ||

111. tiyang Cina wus têbih palajêngira | ngidul ngilèn anênggih | wau undurira | dening tiyang Madura | sêdya ngrêrêmakên dasih | tan nêdya mangkat | salatri kalih latri ||

112. wontên wadyatur uningèng panêmbahan | yèn wadya Madurèki | sarêng praptanira | desa ing Palumbungan | ginitik ing wong Cinèki | ramening yuda | Kêbogalagah sami ||

113. nanging wong Cina kuwalahên ngayuda | anulya mundur sami | lajêng palayunya | datan mongga kèndêla | panêmbahan ngungun angling | nanging sukèng tyas | wus karaos ing galih ||

114. lamun badhe wilujêng ing lampahira | ngraos ngadhaton malih | nulya

--- 28 : 60 ---

Kartapraja | dinutèng panêmbahan | lan pun Bujôngga Trunèki | kinèn mantuka | dhatêng Madiun malih ||

115. kinèn mundhut sakathahe kang kagungan | panêmbahan kang kari | nèng Madiun sigra | kinèn bêkta sadaya | mring wong Madiun kang kari | kinèn ngiringna | dhatêng ing duta kalih ||

116. sigra mêsat duta kalih saha sêmbah | saking ngarsaning gusti | sampun kinanthenan | duta ing lampahira | mantri Madiun kêkalih | jêng panêmbahan | laminya tigang latri ||

117. ênjingira masanggrahan anèng Sangkal | nulya umangkat enjing | budhal saking Sangkal | enggar sagunging wadya | panêmbahan munggwing ngarsi | dening kang putra | Prabu Nom Bauwarni ||

118. ginarêbêg sagung wadyabalanira | lampahnya munggwing wingking | wadya kang pangarsa | tiyang môncanagara | wus budhal saking ing Piji | pondhok Gêmantar | sang nata praptèng Piji ||

119. kalih dalu sang nata amasanggrahan | anèng desa ing Piji | enjing sigra budhal | lampahira sang nata | sing Gêmantar kang dèn jogi | wadya pangarsa | tiyang môncanagari ||

120. sampun bidhal saking dhusun ing Gêmantar | ing Kênthèng kang dèn jogi | sampun pamondhokan | apacak barisira | dening lampah sang narpati | wus masanggrahan | nèng Gêmantar abaris ||

121. wadya ing Madura sampun amiyarsa | kalamun sang narpati | wus majêng lampahnya | masanggrahan Gêmantar | wadya ing Madura sami | pangagêngira |

--- 28 : 61 ---

rêmbag atur upaksi ||

122. saha ngaturakên sêmbah bêktinira | lawan anuwun idin | dhatêng panêmbahan | rèhning amagut yuda | antuka barkat narpati | salampahira | wilujênga ing kardi ||

123. lan panuwun ingombyongana ing yuda | saking ing kanan kering | darapon kêkaha | ingkang abdi Madura | gènipun amagut jurit | sampun arêmbag | wus mangkat kang tinuding ||

124. kang dinuta aran Wulung Wilandaka | sakancane angiring | lampahira prapta | pasanggrahan Gêmantar | wus katur praptanirèki | mring panêmbahan | yèn wontên duta prapti ||

125. dutanira pangagêng wadya Madura | pun Jayasudirèki | kang darbe putusan | ran Wulung Wilandaka | punika duta kang prapti | wus ingandikan | mring panêmbahan aglis ||

126. sapraptaning ngarsa Wulung Wilandaka | nulya umatur aris | mring jêng panêmbahan | gusti ulun dinuta | mring abdi paduka gusti | pun Jasudira | pangagêng Madurèki ||

127. dinuta ngunjukakên kang bêkti sêmbah | dhatêng paduka gusti | ing lampah kawula | sampun ing sapunika | ulun ngutus nuwun idin | dhatêng paduka | rèhning amagut jurit ||

128. mugi antuk kakang barkat panêmbahan | salamêta ngajurit | lan malih punika | kang abdi panuwunnya | yèn marêngi sukèng galih | jêng panêmbahan | ature ingkang abdi ||

129. tiyang Maduntên yèn prang ingombyongana | dhatêng abdi narpati | wong môncanagara | saking ing katêbihan |

--- 28 : 62 ---

aprênaha kanan kering | darapon benjang | kêkaha ing ajurit ||

130. angandika aris kangjêng panêmbahan | iya tarima mami | sêmbah bêktinira | wadyaningong Madura | kang padha katur ing mami | de aturira | malaku sun ombyongi ||

131. ênggone apêrang wadya ngong Madura | aywa sumêlang maning | iya pêpoyana | sira mring Jasudira | panjaluke ngong turuti | amrih ngombyongan | iya sun angombyongi ||

132. têka dèn amujud ênggone ayuda | aywa malang tumolih | nanging dèn prayitna | aywa kongsia tiwas | ing ayuda sun ombyongi | lah wis muliha | dhawuhna salam mami ||

133. marang wadyaningsun Madura sadaya | lawan winêling malih | Wulung Wilandaka | kinèn nuwun turôngga | apan sampun dèn pangingiparingi. | nênêm turôngga | duta anulya amit ||

134. sigra mêsat ponang duta saking ngarsa | sawingkingira nuli | kangjêng panêmbahan | sampun apêparentah | mring wadya môncanagari | Madiun lawan | wadya ing Pranaragi ||

135. samya kinèn mangawatana ing yuda- | nira wong Madurèki | nging aywa apêrak | dinohana kewala | nanging dèn priha ywa kongsi | tiwas ing yuda- | nira wong Madurèki ||

136. yèn tiwasa satêmah karya kangelan | gampang iku ing benjing | sok si karêbata | prajèngsun Kartasura | ilanga kawatir mami | de wong Madura | besuk têka agampil ||

--- 28 : 63 ---

137. dening lakune aywana ingkang dharat | amungêna kang munggwing | turôngga kewala | ingkang mangawatana | Madiun prênaha keri | dening kang kanan | iya wong Pranaragi ||

138. langkung rêmbag kang wadya môncanagara | wanèh suka ing galih | gya samya siyaga | sabusanèng ayuda | kang munggwing luhur turanggi | gantya kocapa | duta Madura prapti ||

139. kang anama sira Wulung Wilandaka | matur mring kang anuding | ran Jayasudira | lawan Ki Kartapraja | katiga Truna Tan Gingsir | Dyan Darmawôngsa | kapat suka ing galih ||

140. dening kadhahar wau saaturira | anuwun dèn ombyongi | dhatêng panêmbahan | sarya sinung turôngga | langkung panuwunirèki | punggawa kapat | sigra undhang ing dasih ||

141. lamun arsa bodhola ing benjang-enjang | sikêp wus samya cawis | sagêgamanira | ing dalu tan winarna | sigra budhalira enjing | sing Palumbungan | bêndhenira tinitir ||

142. panêmbahan gènnya rêrêb masanggrahan | laminya kalih wêngi | nèng dhusun Gêmantar | enjing anulya budhal | desa Kênthèng sampun prapti | amasanggrahan | gantya sarkara paksi ||

174. Kartasura bêdhah. Prabu Kuning lolos

215. Dhandhanggula

1. kunêng ingkang kawarnaa malih | nênggih nagari ing Kartasura | samana langkung gègère | kala duk kawonipun | wadya Cina dènnya ajurit | anèng ing Palumbungan |

--- 28 : 64 ---

kala pêrangipun | amêngsah tiyang Madura | pan kawarti tiyang Cina kathah mati | mila gègèr puyêngan ||

2. kadya bodhola sakala sami | têtiyang alit ing Kartasura | miwah wong lumaku gawe | kwèh ical manahipun | miwah ingkang olèha kardi | asrah lêlakonira | mring wadananipun | miwah kang prajurit Cina | duk samana apan akathah kang prapti | mila gègèr puyêngan ||

3. gègèring kala Sang Prabu Kuning | sigra miyos sinewakèng wadya | anèng ing pagêlarane | apêparentah sampun | mring pêpatih Dipati Pathi | miwah mring Martapura | Sapanjang tan kantun | kinèn sami lumuruga | amêthuka ing prangnya sang nata prapti | saha wadya Madura ||

4. kinèn ngêmputêna sawadyèki | wong Jawa miwah têtiyang Cina | ingsun ukurana bae | kang rumêksa maringsun | atur sêmbah bupati kalih | katiga Ki Sapanjang | sigra nulya kondur | Prabu Kuning angadhatyan | tan winarna solahnya punggawa kalih | sampun samya siyaga ||

5. Mangunonêng lan Martapurèki | sampun samêkta saha balanya | ing ayuda pêpak kabèh | mariyêm datan kantun | Martapura mangkat rumiyin | angirid wadya Cina | myang panêkaripun | punggawa ing Kartasura | ingkang kantun sadaya sampun kinêrig | ginêlak lampahira ||

6. dahat agêng lampahe kang baris | sampun prapta dhusun Baturana | anulya wau enjinge | lajêng ing lampahipun | mêdal sasak [sa...]

--- 28 : 65 ---

[...sak] pan sampun prapti | sawetaning bangawan | wus atata dunung | dening sira Adipatya | Mangunonêng satêlasira kang kari | nulya sira gya mangkat ||

7. tan winarna lampahira prapti | kang aran ing dhusun Baturana | sampun rêrêb sabalane | anata barisipun | amakuwon kilèn banawi | sampun atata gêlar | pamondhokanipun | mariyêm sampun tinata | prênahira pangawat kanan lan keri | ing ngarsa kinandêlan ||

8. pangangkahira sang adipati | barisira kang dadi pogêran | lajêre yuda kasore | baris kang anèng ngayun | aywa salah-salah dèn ungsi | kabèh padha ngungsia | mara barisipun | mila mariyêm sadaya | samya ngandhêg pinangku kilèn banawi | rêrêmpon sêdyanira ||

9. tan anêdya gumingsir ing jurit | sang adipati panêdyanira | angurêbi mariyême | dene kang wontên ngayun | kang makuwon wetan bênawi | tiyang sapabarisan | sami sakitipun | tan liyan sakit maripat | sakitipun pan abuh sami sawêngi | dupi ing enjingira ||

10. sigra nabuh têngaraning jurit | bêndhe tinabuh munya angangkang | dènnyarsa majêng barise | Radèn Martapura wus | anindhihi wadyanirèki | miwah prajurit Cina | sadaya tan kantun | wus bodhol majêng sadaya | ing Garompol sêdyanira kang dèn jogi | gumulung lampahira ||

11. praptèng Garompol [Garo...]

--- 28 : 66 ---

[...mpol] sampun apanggih | baris ing Kartasura kalawan | mêngsah Madura barise | myang môncanagarèku | barisira wus samya panggih | sampun atata gêlar | kang dadya pikukuh | dhadhaning prang wong Madura | samya dharat dening wong môncanagari | samya munggwing turôngga ||

12. dados pangawat kang kanan kering | nanging atêbih ing prênahira | de baris Kartasurage | anata gêlaripun | kang minôngka dhadhaning jurit | apan kang wadya Cina | de têtindhihipun | sira Radèn Martapura | lawan sira kang nama Pringgalayèki | sigra acampuh yuda ||

13. arame dènnya bêdhil-binêdhil | wong Madura langkung purunira | apan ngurêbi waose | sigra mangsah angamuk | datan kandhêg dipun bêwilibêdhili. | dening têtiyang Cina | prangira akukuh | datan sêdya gumingsira | angurêbi sikêpira pêdhang abir | dadya rukêt prangira ||

14. lêng-ulêngan ramening ajurit | wong Cina sampun akathah pêjah | Radèn Mlayakusumage | lawan Baurêksèku | wus lumayu dipun tututi | linud ing kêkapalan | môncanagarèku | dening kang prajurit Cina | sakancane kang pêjah manahe giris | sampun lumayu samya ||

15. Rahadèn Martapura nulyaglis | angalingi dhatêng tiyang Cina | lan Pringgalaya rowange | wong Madura pinagut | marang sira Martapurèki | tansah lan Pringgalaya | sarêng dènnya nêmpuh | nanging kêkathahên lawan |

--- 28 : 67 ---

datan kobêr kinanan lawan kineri | karo wus mundur sira ||

16. myang pangawatira wus kalindhih | wong Kartasura apan tinunjang | mring wong wetan pangawate | wong môncanagarèku | apan sampun munggwing turanggi | dadya giris umulat | wong Kartasurèku | Radèn Malayakusuma | kapalira ginêbyurakên banawi | pasapèn panabrangnya ||

17. dening wong Cina ingkang tut wingking | akathah pêjah kèli bêngawan | de Radèn Suralayane | lan Ki Baurêksèku | katiga Ki Kartawiryèki | malaywanut bangawan | puruge mandhuwur | arsa nabrang Baturana | mêdal sasak de wadya kang alit-alit | wus akathah lumaywa ||

18. mêdal ing sasak sami awarti | yèn kawonipun têtiyang Cina | dahat kathah pêpêjahe | tumpês ing wartinipun | kagegeran tyasnya Dipati | Pathi miyarsa warta | ya angatag sampun | mring sakèh prajurit Cina | kang abaris wontên sakilèn banawi | kinèn nabranga ngetan ||

19. nanging datan wontên anglampahi | kang ingatag pan mingsêr kewala | têmah dadya bramantyane | Dipati Pathi wau | anglêlandhak waosirèki | ya Ki Yudanagara | Toyamas tinuduh | ingkang anabranga angetan |Lebih satu suku kata: ingkang anabrang angetan. myang para pangeran sutanirèki |Kurang satu suku kata: myang kang para pangeran sutanirèki. kakang. anama Undhakan ||

20. wus sami kinèn nabrang tumuli | angetan Undhakan myang pangeran | de wong Madura pondhoke | nèng Tunggon kang pangayun | dupi sampun surup [su...]

--- 28 : 68 ---

[...rup] hyang rawi | kang sampun nabrang ngetan | nuntên samya wangsul | nabrang ngilèn malih agya | apan samya ingadhangan datan kêni | pan kongsi bakda ngisak ||

21. nulya sira Ki Dipati Pathi | mudhun piyambak anatas sasak | tan wêruh lamun anake | Undhakan ingkang wangsul | lan Pangeran Arya Matawis | nuju nèng têngah sasak | wau lampahipun | kêlêm ingkang ponang sasak | tiyang alit pan akathah ingkang kèli | de wau pun Undhakan ||

22. kalawan Pangran Arya Matawis | rinarèwèng dening wadyanira | mêntas sami akalêpèh | abusêkan sadalu | ingkang kantun wetan banawi | amung Ki Kartawirya | lan sakancanipun | dupi wayah bêdhug tiga | sigra sira Adipati Pathi mijil | angatag dandan sasak ||

23. sarya nglampahkên dutaniraglis | dhatêng nagari ing Kartasura | acanthèl unjuk wiyose | dhatêng ing ratunipun | nêdha bantu tiyang Cinèki | sakantun-kantunira | binantokna gupuh | dhumatêng ing Baturana | wontêndene kang nunggil Dipati Pathi | Pangeran Buminata ||

24. lan Pangeran Ariya Matawis | Pangran Singasari katiganya | lawan Ki Baurêksane | Radèn Suralayèku | ing Toyamas Yudanagari | sarêng enjing mèh dadya | wau sasakipun | Kyai Baurêksa kesah | tinakonan dhatêng Ki Dipati Pathi | awatipun têtoya ||

25. datan dangu anulya nututi | sira Radèn Suralaya kesah | tinakèn wau

--- 28 : 69 ---

saure | ngumpulkên rencangipun | môngsa wande anabrang malih | dhatêng wetan bangawan | lajêngi wêwau | ri sampuning sasak dadya | Ki Yudanagara Toyamas tinuding | nabrang malih angetan ||

26. lan santananya têtiyang Pathi | kawarnaa mêngsah wong Madura | kang anèng Tunggon pondhoke | rewangnya wingking rawuh | nuju wayah ing pêcat rakit | nulya sami akirab | nèng ngara-aragung | apindha sêkar palasa | anêdhênge sinawang apan kaèksi | nèng Tunggon prênahira ||

27. sigra ngatag Adipati Pathi | mring paman Tumênggung Kartawirya | lan Ki Yudanagarane | ing Toyamas Tumênggung | kalih kinèn majênga sami | nulya majêng mring Ganggang | kêkalih tumênggung | prajurit Madura mangsah | saking Tunggon ing Ganggang sampun apanggih | sigra atêmpuh yuda ||

28. arame prangnya bêdhil-binêdhil | wong Madura dahat purunira | samya gêgundhulan kabèh | sigra pangamukipun | waosira dipun kurêbi | tiyang Pathi Toyamas | gya sami lumayu | ingamuk de wong Madura | tumênggung kalih sampun lumajêng sami | nanging kala punika ||

29. amarêngi bêngawan nujwalit | wadya malaywa nacab kewala | datan mêdal ing sasake | dening dipatinipun | awon pangônta-antèki |Kurang satu suku kata: awon pangônta-antanèki. samangsane kawona | prange rowangipun | dèn mariyêmi piyambak | tan adangu mêngsah Maduntên kaèksi | sampun andungkap sasak ||

30. Dipati Pathi anitih wajik |

--- 28 : 70 ---

angilèn wau palajêngira | tan kongsi mungêl mriyême | Radèn Suralayèku | mêdal dhatêng lêlurung aglis | tanya mring Adipatya | Pathi sauripun | inggih ngêbatakên kula | mring wong Cina ingkang sami kari-kari | dene radèn andika ||

31. têka andika majênga sami | sumaur inggih Dyan Suralaya | amicantên sawingkinge | maju mring kakèkanmu | Mangunonêng apa tan uning | ingsun yèn sira minggat | acolong palayu | nulya Radèn Suralaya | nabrang ngidul lèpèn Kadhawung dèn jogi | emut sajroning nala ||

32. yèn Kangjêng Ratu Agêng kang taksih | nèng kadhatyan lan kang wayah-wayah | bokmanawi katawure | angidul mêdalipun | jinaganan bilih kapanggih | apan karsa akarya | rêrampèning unjuk | dhumatêng kangjêng susunan | awêkasan angetan anurut margi | ngalèr malih anabrang ||

33. wong Madura wus nabrang banawi | kaprêgok sira Dyan Suralaya | gya anabrang ngidul malèh | tan angsal margi wau | nabrang ngalèr angidul malih | apan lèpèn satunggal | nêm panabrangipun | nuntên anjog ing Langkungan | èngêt yèn Dèn Ayu Natakusumèki | anèng ing Pangabean ||

34. sarywa lumampah kinèn niliki | sampun kapanggih suwung samana | anulya lajêng lampahe | Radèn Suralayèku | dhatêng êndho nulya kapanggih | lan anak rayatira | wau kang winuwus | Sunan Garêndi lolosnya |

--- 28 : 71 ---

anarêngi tanggal wolu likur nênggih | nuju ing wulan Pasa ||

35. lolos angidul purugirèki | Dipati Pathi ingkang tut wuntat | Martapura palajênge | angilèn purugipun | tiyang Cina kathah umiring | dhatêng ing ratunira | wanèh atut pungkur | dhatêng Radèn Martapura | kandhêg Ngêndho anulya budhal ing wêngi | tiyang Cina dèn tilar ||

36. têtiyang Cina wolung dasèki | kathahipun anulya ngapusan | dhatêng wong Ngêndho awade | sinusulakên wau | dhatêng Radèn Martapurèki | anuntên pinêjahan | Cina wolung puluh | darbèkipun kapêndhêtan | ri sampuning mangkana gantya winarni | lampahe wong Madura ||

175. Prajurit Madura anjarah kadhaton Kartasura

37. sampun nabrang sakilèn banawi | lajêng lampahe mring Kartasura | sigra manjing jro purane | saha pangrayahipun | marang kang wong ingkang kapanggih | miwah sajroning pura | têlas saanèku | rinayah mring wong Madura | wontêndene wau pangeran ngabèi | ngobongi Wirajayan ||

38. wisma kilèn pura dèn obongi | mring pangeran ngabèi samana | mila age pangobonge | dening kala rumuhun | jêng pangeran wus aprajanji | lawan ari sang nata | samangsane rawuh | sang nata wèt bêngawan |Kurang saku suku kata: sang nata wetan bêngawan. pangran kinèn akarya riwuk ing

--- 28 : 72 ---

wingking | angobongana wisma ||

39. nuntên wontên tiyang Madurèki | amurugi ing obong-obongan | mila pangran kapanggihe | lan wadya Madurèku | gya pitakèn wong Madurèki | mring wadya Pangabean | aris muwusipun | puniki sintên kang nama | sauripun wadya ingkang dèn patèni | puniki gustiningwang ||

40. kang anama pangeran ngabèi | nuntên pangeran ngatag atanya | dhatêng ingkang apitakèn | wau pitakènipun | kadipundi sri narapati | punapa wus ngadhatyan | ing sarawuhipun | saure kang tinakenan | sunan sintên pan laku manira ugi | boya wêruh susunan ||

41. dene wêwêkase gusti mami | panêmbahan manira ingatag | ambêdhah Kartasurane | dening kalamun sampun | bêdhah nagri Kartasurèki | wêlinge panêmbahan | bok ana katêmu | pangeran ing Kartasura | salah siji kinèn adamêl narpati | pangran ngabèi mirsa ||

42. yèn mangkana tiyang Madurèki | pajarira mring wong Pangabean | pangran ngabèi nulyage | kinèn manggihna gupuh | maring kapangagêngirèki | têtiyang ing Madura | ingaturan sampun | pangran marang wong Madura | pangagênge pangran pan sampun apanggih | lan pangagêng Madura ||

43. kang awasta Jayasudirèki | lawan kang nama Jayaprameya | Kartajaya katigane | dening sakawanipun | kang awasta Darmawangsèki | kapat matur ngrêrêpa | langkung pênêdipun | ature

--- 28 : 73 ---

dhatêng pangeran | watêking sampun sami uningèng nguni | pangran wus ingaturan ||

44. lajêng amanjinga jroning puri | sadhatêngira ing sitibêntar | gya rinayah sabature | miwah pêpatihipun | dhuwungira têlas dèn ambil | dhatêng tiyang Madura | myang wadyalitipun | sadarbèke sampun têlas | jêng pangeran ngabèi wus dèn aturi | lajêng binêktèng pura ||

45. sapraptanira sajroning puri | jêng pangeran aris angandika | mring Ki Jayasudirane | lah paman kaprèhipun | bocah padha dèn rayah iki | ya ta Jayasudira | amangsuli atur | agampil anggèr punika | masa ical kagungan sampeyan ugi | nuntên pun Jasudira ||

46. lawan pun Jayaprameya sami | aputusan wangsul karsanira | atur uninga wiyose | dhumatêng sang aprabu | yèn kadhaton wus dèn anciki | dhatêng wadya Madura | dening ratunipun | tiyang Cina sampun kendhang | kawarnaa wau sang sri narapati | kang taksih masanggrahan ||

47. anèng ing Kênthèng laminirèki | tigang dalu nuntên enjing mangkat | praptèng dhusun Kêdhunggêdhe | anuntên sontênipun | duta nata ingkang tinuding | amundhut kang kagungan | kang kantun Madiun | awasta pun Kartapraja | kalih pun Bujôngga Taruna namèki | sontên ing praptanira ||

48. dening sagung bêbêktanirèki | kagungan nata ingkang binêkta | sing Madiun pamundhute | sadaya sampun katur | lêga ing tyas sri narapati | de kagungan kabêkta | kang kantun Madiun |

--- 28 : 74 ---

nuntên wontên wadya prapta | wong Madiun prajurit atur upaksi | yèn Kartasura bêdhah ||

49. langkung suka tyasira narpati | apan mung sadalu masanggrahan | anèng wusundhusun. Kêdhunggêdhe | nulyage budhal esuk | gêgancangan lampah narpati | atilar wadya dharat | amung kang tan kantun | wadya kang saha turôngga | kang umiring sang nata supe ing wadi | dènnyarsage ngadhatyan ||

50. ginêlak lampahira narpati | ginarêbêg wadya kêkapalan | myang môncanagara kabèh | lan sapunggawanipun | ingkang samya mungging turanggi | umiring ing sang nata | lampahira sampun | anabrang lèpèn bangawan | mêdal sasak Baturana wus kawingking | prapta ing Kartasura ||

51. dupi prapta Galadhag anuli | pinêthukakên wadya Madura | Jayasudira dutane | mangkana aturipun | yèn dinuta lampahirèki | mring kang abdi Madura | gêgununganipun | sri narendra ingaturan | wangsul malih kèndêla wetan banawi | sampun agya ngadhatyan ||

52. kèndêl lampahe sri narapati | kanggêkkanggêg. ing tyas tan kenging ngandika | Pangran Mangkunagarane | ing Madiun gya maju | angalingi ing sri bupati | ngadêg saryasru mojar | mring wong Madurèku | ora asu ing Madura | ya ature mring ratungong tan pakering | pan ratuningsun uga ||

53. tan ngrasa ya asu Madurèki | prapta nagara ing Kartasura | ngong suhun ngong sunggi dhewe | angandika sang prabu | adhi Mangkunagara uwis |

--- 28 : 75 ---

apan ingsun tarima | yèn karsa Hyang Agung | durung tutug lêlakonnya | awak ingsun sang nata ngandika malih | mring duta ing Madura ||

54. lah iya pêpoyana sirèki | mring gêgununganira Madura | lamun praptaningsun kiye | iya tan angadhatun | nanging ingsun tan bali maning | mring sawetan bêngawan | sigra nuntên wangsul | lampahira sri narendra | pangran ing Madiun ngundurakên aglis | lan sarwi cinêkêlan ||

55. milanira kongsi dèn cêkêli | katon supenya umiring nata | saking kasrênge runtike | dènnyarsa marwasèku | pangran maring wong Madurèki | aris ing lampahira | nata wangsulipun | ngandika sarya lumampah | sri narendra munggwing saluhuring wajik | ngêndi yogya ngênggonan ||

56. aturira Kya Wirarêjèki | dhuh gusti lamun sambadèng karsa | paduka inggih pênêde | kapondhokan wadyagung | kapasanggrahan ing narpati | inggih dhusun ing Ngêmplak | gusti wastanipun | gusti sakidul kadhatyan | prênahipun punika langkung prayogi | yèn kapasanggrahana ||

57. mila atur kawula narpati | sapunika rumiyin bawera | kalayan kaping kalihe | yèn wontên wadya prabu | ingkang dhatêng bêkti narpati | datan kaling-kalingan | wadya Madurèku | Radèn Pringgalaya mojar | anambungi hèh Ki Wirarêja mami | apan boya mangkana ||

58. susah yèn andadaka akardi | pasanggrahan saênggènanea | yèn aprakara praptane | abdi

--- 28 : 76 ---

dalêm puniku | ingkang dhasar bêkti narpati | môngsa ta kèwêdana | ing dêdalanipun | ya ta aris angandika | sri narendra mring sira Wirarêjèki | lah ora ingsun bapa ||

59. dene sanak-sanakira iki | durung ana rêrêm iki uga | iya kang sun karsakake | ing Gumpang karsaningsun | wismane Si Surabratèki | sun karya pasanggrahan | sigra sang aprabu | samana wus masanggrahan | saha wadya sadaya samya amrêgil | anèng Kasumabratan ||

60. sri narendra apan wus anuding | duta lumampah dhustha mring pura | anuksma angyêktosake | dhumatêng ingkang ibu | miwah putra-putranirèki | myang Ratu Madurêtna | kang sinuksmèng laku | sapraptanira ing pura | duta nata tan wontên malih kapanggih | kang wontên jro kadhatyan ||

61. mung Ratu Agêng lan Ratu Alit | ingkang kapanggih wontên kadhatyan | de Ratu Madurêtnane | apan kapanggih suwung | datan wontên sajroning puri | mila mêdal sing pura | nênggih Kangjêng Ratu | Madurêtna pan miyarsa | ing wartane duk kang raka nata taksih | wontên wetan bangawan ||

62. mirsa yèn wadya ing Madurèki | ingkang dados pangajênge yuda | ya ta angartikèng tyase | Ratu Madurêtnèku | mangkana pangartikanèki | iya kalamun ingwang | anuli têtêmu | tumuli lawan kang êmas | mênèk ora kasêlak katêmu mami | kalawan wong Madura ||

63. kayaparan iya polah mami | pasthi

--- 28 : 77 ---

yèn abangêt wirangingwang | pramila kesah karsane | sapurug-purugipun | tan kantênan sinêdyèng galih | nging putra kapenakan | Dyan Ayu Kadhatun | kalih Dyan Ayu Kaluwak | pan ginèndèng astanya kang putra kalih | kang bibi sarywa mojar ||

64. lah payo êbèng milu ing mami | kang putra kalih nulya tut wuntat | sarya tinuntun astane | samana wiyosipun | kangjêng ratu kang dèn margani | bêdhahan banon rêbah | ing sapraptinipun | wau sajawining bata | kangjêng ratu anulya wau kapanggih | kalawan arinira ||

65. kang nama Pangran Arya Matawis | ingkang sumêdya nusul kang raka | Pangeran Buminatane | de wau kangjêng ratu | sangêt kuwuripun ing galih | sangêt kasupènira | dhatêng arinipun | kapêthuk datan uninga | mring kang rayi pangeran dipun simpangi | nanging kangjêng pangeran ||

66. dhatêng kang êmbok mapan udani | datan supe dupi sira mulat | mring êmbok ical trêsnane | dhatêng karakakang raka. wau | Jêng Pangeran Buminatèki | amung dhatêng wêlasnya | mring kang raka langkung | myang putra kêkalihira | radèn ayu gya Pangran Arya Matawis | mudhun saking turôngga ||

67. sigra pangran angêrangkul aglis | mring kang êmbok sarya apitakyan | jêng ratu sangêt kagète | nuntên mangsuli wuwus | kangjêng ratu dhatêng kang rayi | ingong iki pangeran | ya wruhanirèku | tan karuan kang ngong sêdya | amung wirang ingsun kang kaciptèng galih |

--- 28 : 78 ---

bok têmu wong Madura ||

68. pan Arya Mataram ananggupi | kang raka yèn angumpêtêna |Kurang satu suku kata: ingkang raka yèn angumpêtêna. dhatêng dhusun Têmbayate | ingkang raka anurut | ya binêkta sira tumuli | dhatêng dhusun Têmbayat | samana jêng ratu | wontêndene sri narendra | apan sangêt gènnya angulari nênggih | mring kang rayi kang putra ||

69. lampahira kang samya ngulari | mring Ratu Madurêtna ngularan | sakiwa têngêning Lungge | nanging datan katêmu | kawarnaa ingkang angungsi | anèng dhusun Têmbayat | apan wus anuduh | duta ngaturi uninga | saha nuhun papag duk katur narpati | sang nata angandika ||

70. mring Tumênggung Anitinagari | kinèn amêthuk ing arinira | kalawan putra dhatênge | ya mangkat kya tumênggung | wus kinanthèn lampahirèki | wadya ing Pranaraga | myang wadya Madiun | sadhatêngira Têmbayat | wus kabêkta wau radèn ayu kalih | myang Ratu Madurêtna ||

71. sadaya sampun kabêkta sami | miwah Pangeran Arya Mataram | datan kantun ing lampahe | sampun andhèrèk mantuk | mring Tumênggung Nitinagari | saking dhusun Têmbayat | lampahnya wus rawuh | pasanggrahaning narendra | Sumabratan wus katur dhatêng narpati | wus samya ingandikan ||

72. langkung lêga tyasira narpati | sapraptane wau arinira | miwah kang putra kalihe | dene sapraptanipun | dening wadya kang alit-alit | prayayi myang sudagar | sami katalanjur | samya jujug pagêlaran | panyanane rawuhira

--- 28 : 79 ---

sang narpati | wus têtêp angadhatyan ||

73. sapraptanira sarêng apanggih | lan wong Madura lajêng rinayah | wus pinalocotan kabèh | tan wontên darbèk kantun | dadya giris manahing alit | gya ngili malih samya | têbih purugipun | samana Ki Wirarêja | aningali rusaking wadya narpati | kang sami prapta-prapta ||

74. kang priyayi tan sipat priyayi | kang sudagar datan môntra-môntra | yèn mèmpêra sudagare | wadya nata kang rawuh | ingkang samya bêkti ing gusti | tan ana sipat janma | ulatnya asayup | guwaya pating puncilak | kang sinandhang wastramoh pating saluwir | tan yogya yèn katura ||

75. mila sangêt aturing narpati | sira Adipati Wirarêja | dening saking tan sagêde | mulat ing wadya rawuh | ingkang sami bêkti narpati | dadya Ki Wirarêja | mangkana turipun | dhuh gusti sang sri narendra | pun bapa angunjukakên pati urip | saking tan sagêd mulat ||

Lajêng nyandhak jilid: 29.

--- 28 : [0] ---

Isinipun

170. Kumpêni campuh kalihan prajurit Cina wontên Ungaran. (Kinanthi, Pangkur). ... kaca 14

171. Ingkang Sinuhun Pakubuwana II sèlèh kaprabon, ajêjuluk Panêmbahan Brawijaya. Ingkang putra Pangeran Adipati kaparingan kêkasih Prabu Jaka inggih Susuhunan Bauwarna, lajêng sami bidhal anglurug dhatêng Kartasura. (Dhandhanggula). ... kaca 23

172. Sunan Garêndi anduta pun Kênang, nêlukakên môncanagari. (Dhandhanggula). ... kaca 38

173. Pangeran Madura ambidhalakên prajurit kapurih ambêdhah Kartasura. (Durma). ... kaca 45

174. Kartasura bêdhah. Prabu Kuning lolos. (Dhandhanggula). ... kaca 63

175. Prajurit MadudaraMadura. anjarah rayah kadhaton Kartasura. (Dhandhanggula). ... 71