Sastra Jawa

Program Digitalisasi Sastra Daerah

  • Increase font size
  • Default font size
  • Decrease font size

Babad Tanah Jawi, Balai Pustaka, 1939-41, #1024 (Jilid 29)

Katalog:Babad Tanah Jawi, Balai Pustaka, 1939-41, #1024
Sambung:
1.Babad Tanah Jawi, Balai Pustaka, 1939-41, #1024 (Jilid 01). Kisah, Cerita dan Kronikal | Babad Tanah Jawi #1010.
2.Babad Tanah Jawi, Balai Pustaka, 1939-41, #1024 (Jilid 02). Kisah, Cerita dan Kronikal | Babad Tanah Jawi #1011.
3.Babad Tanah Jawi, Balai Pustaka, 1939-41, #1024 (Jilid 03). Kisah, Cerita dan Kronikal | Babad Tanah Jawi #1012.
4.Babad Tanah Jawi, Balai Pustaka, 1939-41, #1024 (Jilid 04). Kisah, Cerita dan Kronikal | Babad Tanah Jawi #1013.
5.Babad Tanah Jawi, Balai Pustaka, 1939-41, #1024 (Jilid 05). Kisah, Cerita dan Kronikal | Babad Tanah Jawi #1014.
6.Babad Tanah Jawi, Balai Pustaka, 1939-41, #1024 (Jilid 06). Kisah, Cerita dan Kronikal | Babad Tanah Jawi #1015.
7.Babad Tanah Jawi, Balai Pustaka, 1939-41, #1024 (Jilid 07). Kisah, Cerita dan Kronikal | Babad Tanah Jawi #1016.
8.Babad Tanah Jawi, Balai Pustaka, 1939-41, #1024 (Jilid 08). Kisah, Cerita dan Kronikal | Babad Tanah Jawi #1017.
9.Babad Tanah Jawi, Balai Pustaka, 1939-41, #1024 (Jilid 09). Kisah, Cerita dan Kronikal | Babad Tanah Jawi #1018.
10.Babad Tanah Jawi, Balai Pustaka, 1939-41, #1024 (Jilid 10). Kisah, Cerita dan Kronikal | Babad Tanah Jawi #1019.
11.Babad Tanah Jawi, Balai Pustaka, 1939-41, #1024 (Jilid 11). Kisah, Cerita dan Kronikal | Babad Tanah Jawi #1020.
12.Babad Tanah Jawi, Balai Pustaka, 1939-41, #1024 (Jilid 12). Kisah, Cerita dan Kronikal | Babad Tanah Jawi #1021.
13.Babad Tanah Jawi, Balai Pustaka, 1939-41, #1024 (Jilid 13). Kisah, Cerita dan Kronikal | Babad Tanah Jawi #1022.
14.Babad Tanah Jawi, Balai Pustaka, 1939-41, #1024 (Jilid 14). Kisah, Cerita dan Kronikal | Babad Tanah Jawi #1023.
15.Babad Tanah Jawi, Balai Pustaka, 1939-41, #1024 (Jilid 15). Kisah, Cerita dan Kronikal | Babad Tanah Jawi #1024.
16.Babad Tanah Jawi, Balai Pustaka, 1939-41, #1024 (Jilid 16). Kisah, Cerita dan Kronikal | Babad Tanah Jawi #1025.
17.Babad Tanah Jawi, Balai Pustaka, 1939-41, #1024 (Jilid 17). Kisah, Cerita dan Kronikal | Babad Tanah Jawi #1026.
18.Babad Tanah Jawi, Balai Pustaka, 1939-41, #1024 (Jilid 18). Kisah, Cerita dan Kronikal | Babad Tanah Jawi #1027.
19.Babad Tanah Jawi, Balai Pustaka, 1939-41, #1024 (Jilid 19). Kisah, Cerita dan Kronikal | Babad Tanah Jawi #1028.
20.Babad Tanah Jawi, Balai Pustaka, 1939-41, #1024 (Jilid 20). Kisah, Cerita dan Kronikal | Babad Tanah Jawi #1029.
21.Babad Tanah Jawi, Balai Pustaka, 1939-41, #1024 (Jilid 21). Kisah, Cerita dan Kronikal | Babad Tanah Jawi #1030.
22.Babad Tanah Jawi, Balai Pustaka, 1939-41, #1024 (Jilid 22). Kisah, Cerita dan Kronikal | Babad Tanah Jawi #1031.
23.Babad Tanah Jawi, Balai Pustaka, 1939-41, #1024 (Jilid 23). Kisah, Cerita dan Kronikal | Babad Tanah Jawi #1032.
24.Babad Tanah Jawi, Balai Pustaka, 1939-41, #1024 (Jilid 24). Kisah, Cerita dan Kronikal | Babad Tanah Jawi #1033.
25.Babad Tanah Jawi, Balai Pustaka, 1939-41, #1024 (Jilid 25). Kisah, Cerita dan Kronikal | Babad Tanah Jawi #1034.
26.Babad Tanah Jawi, Balai Pustaka, 1939-41, #1024 (Jilid 26). Kisah, Cerita dan Kronikal | Babad Tanah Jawi #1035.
27.Babad Tanah Jawi, Balai Pustaka, 1939-41, #1024 (Jilid 27). Kisah, Cerita dan Kronikal | Babad Tanah Jawi #1036.
28.Babad Tanah Jawi, Balai Pustaka, 1939-41, #1024 (Jilid 28). Kisah, Cerita dan Kronikal | Babad Tanah Jawi #1037.
29.Babad Tanah Jawi, Balai Pustaka, 1939-41, #1024 (Jilid 29). Kisah, Cerita dan Kronikal | Babad Tanah Jawi #1038.
30.Babad Tanah Jawi, Balai Pustaka, 1939-41, #1024 (Jilid 30). Kisah, Cerita dan Kronikal | Babad Tanah Jawi #1039.
31.Babad Tanah Jawi, Balai Pustaka, 1939-41, #1024 (Jilid 31). Kisah, Cerita dan Kronikal | Babad Tanah Jawi #1040.

Regi f 0.50

Babad Tanah Jawi

Jilid: 29

Bale Pustaka Batawi Sèntrêm

--- 29 : [1] ---

 

Serie No. 1289bb

Babad Tanah Jawi

Jilid: 29

Lêlampahanipun Radèn Mas Suryakusuma, ingkang pawingkingipun jêjuluk Pangeran Adipati Arya Mangkunagara

Bale Pustaka - Batawi Sèntrêm - 1941

--- 29 : [2] ---

Wêwênangipun ingkang ngarang kaayoman miturut anggêr ingkang kapacak ing Sêtatsêblad 1912 No. 600

--- 29 : [3] ---

Prajurit Madura anjarah kadhaton Kartasura

76. dhatêng wadya paduka narpati | ingkang prapta bêkti ing narendra | sadaya ical sipate | mênggah abdi sang prabu | datan layak konjuk narpati | kalangkung amêmirang | katura sang prabu | saking wadya ing Madura | kasangêtên gènipun angrêrusuhi | damêl rêngkaning praja ||

77. kadospundi karsa padukaji | wadya Madura lamun awèta | kados makatên polahe | pasthi adamêl lêtuh | wadya nata tan sagêd prapti | de sangêt tan ataha | ing jênêng sang prabu | polahe asu Madura | gènnya bêkta kagungan sri narapati | mariyêm miwah gôngsa ||

78. sapamirsanya sri narapati | ing aturira Ki Wirarêja | langkung bramatya ing tyase | sigra anulya nuduh | dutanira mring Madurèki | matêdhani uninga | mring kang rayi wau | Pangeran Anyakraningrat | ing Madura ingkang pinatêdhan uning | wastane kang dinuta ||

79. Ki Tumênggung Citradiwiryèki | nanging lampahe wangsul ing marga | saking sangêt arungane | dening gènira wangsul | nèng jajahan ing Sukawati | Kyai Citradiwirya | binegal wong dhusun | nulya Ki Trunamênggala | kang dinuta nutukkên lampahirèki | dhatêng nagri Madura ||

80. wus umangkat sakancanirèki | Trunamênggala sawingkingira |

--- 29 : 4 ---

sangsayakèh sêsambate | wadya kang sami rawuh | ingkang bêkti dhatêng narpati | kathah pinalocotan | mring wong Madurèki | dadya kang para punggawa | kathah matur dhumatêng sri narapati | yèn wadya sri narendra ||

81. akathah ingkang wangsul ing margi | ingkang sêdya bêkti ing narendra | saking sangêt pitênahe | wadya ing Madurèku | dahat datan taha narpati | dadya tyas sang narendra | sangsaya ariwut | kagontoran turing wadya | sangsaya kèngêtan kagagas ing galih | kang raka nèng jro pura ||

82. kang anama pangeran ngabèi | sang nata supe sajroning nala | yèn kinarya gêlar bae | baya wus takdiripun | karsaning Hyang tan kêna gingsir | yèn panjang lêlampahan | samana sang prabu | supe ing wasananira | datan ngantos praptane dutanirèki | kang dhatêng ing Madura ||

83. apan sang nata wus karya tulis | ungêling sêrat suka uninga | dhumatêng ing sudarane | komasaris kumêndur | kang palênggah nagri Samawis | yèn nagri Kartasura | mangke wus kacakup | têtiyang Cina wus sirna | kang ingabên jurit wong môncanagari | lawan wadya Madura ||

84. sapraptane ing Kartasurèki | wong Madura salah tekadira | sang nata ngampah karsane | sampun ngadhaton gupuh | ingaturan kèndêl ing jawi | anèng Kasumabratan | pasanggrahan prabu | miwah gènnya karya rusak | wong Madura mring kagunganing narpati | wus katutur ing sêrat ||

85. wus lumampah dutaning narpati | kang awasta

--- 29 : 5 ---

pun Suradipraja | akanthi Jayèngranane | wau sawingkingipun | kawarnaa wong Madurèki | kang anèng pagêlaran | sabên dina ngusung | mariyêm kagungan nata | kang awarni mariyêm parunggu nênggih | kang anèng pagêlaran ||

86. myang mariyêm kang anèng sitinggil | miwah gôngsa kang samya binêkta | gôngsagêng gôngsa alite | samya binêkta wau | dhatêng Sala purugirèki | sami winot baita | pan binêkta mantuk | dhatêng nagari Madura | kawarnaa wau Pangeran Ngabèi | kang wontên jro kadhatyan ||

87. tansah ingecanan ingkang galih | dhatêng gêgununganing Madura | ing pawicantênan bae | mila eca tyasipun | sira kangjêng pangran ngabèi | sadarbèk-darbèkira | kang sakantunipun | rinayah tiyang Madura | wus sinungakên mring Jayasudirèki | lawan Jayaprameya ||

88. dadya saya ginungkên kang galih | pangran ngabèi gènnya nèng pura | dene yèn kala-kalane | mêng-amêng jro kadhatun | mring bandêngan pangran ngabèi | nitih tandhu lêlawak | saha songsongipun | sinongsongan songsong jênar | nanging ingkang wadya miwah kang pêpatih | tan wontên dhêdhuwungan ||

89. sawab têlas dipun rayah sami | dene yèn wontên dalêm pangeran | sring ngandikèng pêpatihe | ran Sêcamanggalèku | lan Ditamanggala namèki | katiga kang anama | Rêksawacanèku | carik sing Natakusuman | samya anèng ngarsanya pangran ngabèi | mangkana andikanya ||

90. kaya paman Natakusumèki |

--- 29 : 6 ---

dènnya anglakoni kasangsaya | kang kaya mangkana kae | apa tan duwe wuwus | ambêbolèh marang Kumpêni | yèn ta paman kongsia | ika acalathu | ambêbolèh mring Walônda | abot êndi wong mangkono kang tinuding | lan ingkang kongkon ika ||

91. aturira wadya kang tinari | saur pêksi ature katiga | dene timbangipun anggèr | pasthi yèn awratipun | kang akèngkèn punika gusti | pangeran angandika | rasaning tiningsun | ya kaya mangkono uga | yèn sun adu lawan sapawicaraning | gêgunungan Madura ||

92. mulane sun anèng pura iki | nora duwe kuwatir ing manah | lan wong Madura ujare | wau kangjêng sinuhun | ingkang anèng Gumpang amrêgil | lami gènnya angantya | dhatêng dutanipun | kang dhatêng nagri Samarang | | kintun tulis lan mundhut tulung Kumpêni | tansah nganti praptanya ||

93. wontêndene tiyang Madurèki | wus miyarsa yèn Kumpêni arsa | minggah mring Kartasurane | ngadhatonkên sang prabu | wong Madura anulya sami | rêmbag nèng pagêlaran | wus pêpakan wau | kang nama Jayasudira | Japrameya Kartarêja Wangsèngsari | Dipasasana Tuban ||

94. duk samana Dipasasanangling | mring sagung gêgunungan sadaya | lah kadospundi ing mangke | pikir dika sadarum | bokmanawi wadya Kumpêni | inggih siyos aminggah | mariki ing besuk | Dyan Wangsèngsari saurnya |

--- 29 : 7 ---

ngangge kudu pinikir punapa malih | yèn benjing èstu minggah ||

95. yèn ta Kumpêni makatên ugi | saparentahe pan linampahan | yèn kang pênêd parentahe | Dipasana sumaur | inggih radèn punika ugi | lamun mênggah punika | tan makotên besuk | dene kang pikir kawula | yèn Kumpêni praptane ambêkta tulis | sêrate panêmbahan ||

96. saparentahe kula lakoni | yèn ta makatên inggih punika | sayêktos barang karêpe | kula pogok ing besuk | pêjaha botêna ing benjing | sadasa kalih dasa | datan dados rukun | bocah la-ala kewala | apan botên punapaa iku benjing | Dyan Wangsèngsari mojar ||

97. lah inggih benjing kalamun prapti | kantênanipun sanès rinêmbag | man Dipasasana mangke | prakawis Kangjêng Ratu | Madurêtna lah kadipundi | paman pikir andika | Dipasana matur | yèn aprakawis punika | kawula botên tumut-tumut amikir | môngsa borong sampeyan ||

98. nuntên Radèn Wangsèngsari angling | maring sira Radèn Darmawôngsa | lah inggih dika rahadèn | inggih dika lumaku | dhatêng Gumpang panggihèng gusti | Jêng Ratu Madurêtna | andika umatur | yèn tinimbalan kang raka | ingandikan mantuk dhatêng Madurèki | yèn mangke ingkang putra ||

99. tansah mular takèn ibu sami | Darmawôngsa sasigra lampahira |Lebih satu suku kata: Darmawôngsa sigra lampahira. dhatêng Gumpang sapraptane | katur mring sang aprabu | sigra ingandikan mring

--- 29 : 8 ---

ngarsi | matur Dyan Darmawôngsa | kawula ingutus | dhatêng abdi sri narendra | gêgunungan Maduntên sadaya gusti | anuhun ari nata ||

100. Kangjêng Ratu Madurêtna gusti | ingaturan mantuk ingkang raka | dhatêng nagri Maduntêne | angandika sang prabu | lah iki tarimanên pribadi |Lebih satu suku kata: lah iki tarinên pribadi. Balêdhug gustinira | nuju kangjêng ratu | samya wontêne samana | Radèn Darmawôngsa matur aturnyaris | mring Ratu Madurêtna ||

101. alah suwawi sampeyan gusti | ingaturan raka jêngandika | kondur dhatêng Maduntêne | raka paduka ratu | datan bêtah dipun pulari | dhatêng putra sampeyan | sami takèn ibu | Kangjêng Ratu Madurêtna | amangsuli angling mring Darmawangsèki | lah Balêdhug matura ||

102. maring paman dhingin bêkti mami | aturêna kapindhone iya | paman saduka-dukane | abangêt panuwunku | sakalane ing mangko iki | kayapa gon atinggal | mring kang êmas ingsun | upama ingsun tinggala | kaya priye wong maksih mangkene iki | de besuk yèn kang êmas ||

103. uwis ngadhaton eca kang galih | ingsun anuli sira papaga | nulya pun Darmawôngsage | matur nêmbah mit mantuk | sapraptane sampun kapanggih | lan Radèn Wangsèngsêkar | saandika prabu | miwah sawêwêlingira | Ratu Madurêtna wus ngaturkên sami | mring Radèn Wangsèngsêkar ||

104. myang gêgunungan sadaya sami | wus angraos yèn tan angsal karya | dènnya dinuta lampahe | wau ingkang winuwus |

--- 29 : 9 ---

dutanira sri narapati | kang dhatêng ing Samarang | ing sapraptanipun | surate sampun tinampan | dhatêng tuwan kumêndur lan komasaris | pan sampun tinupiksa ||

105. dahat sami suka ingkang galih | kumêndur komasaris samana | mirsa ing sêrat ungêle | dening kangjêng sinuhun | matêdhani uninga yêkti | yèn wadya ing Madura | awon tingkahipun | nulya sira pêparentah | komasaris amêpak wadya Kumpêni | wus mêmatah pangarsa ||

106. wontêndene ingkang sampun pasthi | pangagêng lampah mring Kartasura | ingkang ngiring ing wadyakèh | apan tuwan kumêndur | lan Kumêndhan Ondorop nênggih | dening upêsir Islam | pangajênging laku | awasta Dhaèng Mabelah | lan Kapitan Taempak kanthine malih | nama Kapitan Barak ||

107. Kapitan Layar namanya malih | Sêmangun Kapitan Cakrajaya | lawan Kapitan Katèwèl | Kapitan Panjang tumut | myang Kapitan Buwang tan kari | dening namaning lutnan | kêkalih kang tumut | Mukidin Dulkarim sira | alpèrès anama Alpèrès Bakudin | kang samya tumut minggah ||

108. dening punggawa Kartasurèki | ingkang sami wontên ing Samarang | kang minôngka pangajênge | nênggih Kyai Tumênggung | Tirtawiguna lawan malih | Kyai Suradipura | pan samya tumênggung | katiga sira Rahadyan | Tumênggung Wiryadiningrat kang wêwangi | dening kang pra santana ||

109. kang kêkasih Pangran Mangkubumi | myang Pangran Silarong Pangran Rôngga | lan Pangran [Pa...]

--- 29 : 10 ---

[...ngran] Prangwadanane | punika karsanipun | samya arsa tumut narêngi | kumêndur inggahira | mring Kartasurèku | nanging kala sapunika | komasaris asangêt tan anglilani | têmbungira mangkana ||

110. inggih pangeran andika ugi | miwah para punggawa sadaya | inggih sarênga antuke | sarêng lan kula besuk | minggah dhatêng Kartasurèki | dene mangke andika | akarsaa kondur | kawula pan dèrèng tega | mring andika de raka andika aji | mangke dèrèng ngadhatyan ||

111. dening yèn sampun ngadhaton benjing | sri narendra kula nuli minggah | sampun dika susah malèh | wau ingkang winuwus | dènnya mêpak bala Kumpêni | kumêndur wus samêkta | sabusanèng laku | tan antara sigra budhal | tuwan kumêndur saking nagri Samawis | mondhok anèng Ungaran ||

112. nanging Kumpêni lampahirèki | asmu lingsêm sajroning wardaya | de kadhinginan lampahe | mring wadya Madurèku | tansah sira ngulari pikir | kang dados marganira | kapênêdanipun | sadalu anèng Ungaran | dènnya mondhok anulya umangkat enjing | amondhok nèng Payongan ||

113. rêrêb sadalu umangkat enjing | lampahira praptèng Salatiga | kumêndur mondhok sirage | lampahnya kapirangu | tansah sira kewran ing galih | mila kongsi alama | nèng Salatigèku | nulya piskal kang anama | Tolomondo kinèn lumampah kariyin |

--- 29 : 11 ---

dhatêng Kasumabratan ||

114. akanthi Ngabèi Sindupati | lawan Ngabèi Surawiguna | piskal duk dhingin lampahe | mila tumut karuhun | Ngabèi Surawigunèki | dhasare ingandikan | dhatêng sang aprabu | wau ing sapraptanira | Sumabratan piskal ingatag tumuli | dhumatêng sri narendra ||

115. angupadosa bojonirèki | Tuwan Kumêndhan Ondorop sira | nulya ingularan age | samana pan katêmu | anèng pondhok wong Madurèki | dinèkèk jroning luwang | saandhaping salu | anulya wau binêkta | dhatêng piskal sampun ngaturi narpati | wau kang kawarnaa ||

116. ingkang datansah kewran ing galih | kumêndur anèng ing Salatiga | kapirangu ing lampahe | anulya praptanipun | dutanira sri narapati | aran Wôngsanagara | praptane ingutus | amatêdhakakên surat | mring kumêndur suratira sri bupati | apan sampun tinampan ||

117. sigra binuka kang ponang tulis | wus kinèn maos jru tulisira | apan mangkana ungêle | lamun tuwan kumêndur | ngenggalakên lampahirèki | lawan sawadyanira | Kumpêni sadarum | lan malih ungêling sêrat | sapunika pangandikaning narpati | lan malihe manira ||

118. boya tahan manira ningali | mring piangkuhe Si Jasudira | punapi ta cacakane | kajang sirahe ibu | kongsi sami dipun bêdhèli | punapi malih ika | têtingkahanipun | kangmas ngabèi nèng

--- 29 : 12 ---

pura | sampun pratingkahing ratu dèn têtêpi | wong sasampur kang parak ||

119. punapi dening yèn marentahi | mring sakathahing mantri manira | boya raga-raga malèh | puniku sakalangkung | pan manira tan sukèng galih | mila ta pakênira | ing mangke agupuh | manirènggalakên agya | nuntên pakênira pêpanggiha mangkin | lawan jênêng manira ||

120. inggih milane manira ugi | age panggiha lan pakênira | manira rêbut enggale | wong Sampang kesahipun | saking nagri manira mangkin | dening pratingkahira | ênggènnya angusung | sakèh kagungan manira | kang arupa mariyêm myang gôngsa mami | lan amboyong wanodya ||

121. ri sampuning tamat maos tulis | sakalangkung suka manahira | kumêndur mirsa ungêle | sêratira sang prabu | myang sakèhing wadya Kumpêni | samya bungah sadaya | sapamirsanipun | ungêling sêrat narendra | wong Kumpêni dahat sukane ing galih | ical asmaranira ||

176. Ingkang Sinuhun Pakubuwana II ngadhaton malih wontên ing Kartasura

216. Asmaradana

1. kunêng kang winuwus malih | anênggih sadèrèngira | Jêng Ratu Madurêtnane | rawuhnya ing Sumabratan | ingkang rumiyin prapta | putranira sang aprabu | kêkalih sami wanodya ||

2. anama Dèn Ajêng Jabir | Dèn Ajêng Dèwi satunggal | kabêkta dening eyange | awasta

--- 29 : 13 ---

Dyan Ayu Wetan | garwa Kamataraman | lan malih kang sampun rawuh | Dyan Ayu Natakusuma ||

3. Dyan Ayu Wetan anênggih | praptanya lawan atmaja | wanodya ing karandhane | Padmanagara ing Dêmak | samana sri narendra | tansah rudatin ing kalbu | kang dados rudatinira ||

4. dening jênênging narpati | kaetang taksih alômba | yêkti awon darajate | milanya tansah mrayoga | ingkang layak kagarwa | kang yogya jinunjung ratu | têtimbanganing narendra ||

5. milanya wau kang rayi | Dyan Ayu Natakusuma | kang arsa kinarsakake | kagarwaa ing narendra | nanging sangêt lênggana | dyan ayu ing aturipun | taksih katingal kang raka ||

6. amung panuwunirèki | akêdah sinusulêna | mring kakung kang anèng Selong | marmanya sri naranata | ngarsakkên kang atmaja | eyangnya kang lagya rawuh | priyayi Kamataraman ||

7. apan ta kaprênah bibi | randhane Padmanagara | kang kinarsakkên sang katong | atmajane ingkang eyang | Pangran Arya Mataram | nanging ta paningkahipun | sarawuhe arinira ||

8. Jêng Ratu Madurêtnèki | sasampunira aningkah | nulya jinunjung namane | kêkasih Ratu Mamênang | ri sampuning mangkana | wau ta ingkang winuwus | kang anèng ing Salatiga ||

9. kang samya suka ing galih | wadya Kumpêni sadaya | miwah tuwan kumêndure | karsanya age budhala | saking ing Salatiga | ingkang

--- 29 : 14 ---

dadya sukanipun | dening têtiyang Madura ||

10. kinèn anundhung tumuli | saking nagri Kartasura | sigra anulya praptane | Radèn Arya Pringgalaya | dhusun ing Salatiga | lampahe mêthuk kumêndur | sarta kinèn ngenggalêna ||

11. kumêndur lampahirèki | mila kinèn ngenggalêna | dening kangjêng sang akatong | sangêt dènnya ngarsa-arsa | de Radèn Pringgalaya | pan amung sipêng sadalu | anèng dhusun Salatiga ||

12. enjingira bodhol aglis | kumêndur sing Salatiga | saha bala Kumpênine | sumêrêg ing lampahira | ginêlak gya praptaa | amondhok ing Bayawangsul | sadalu enjingnya budhal ||

13. wadya Maduntên mirsèki | yèn Kumpêni sampun prapta | mondhok nèng Bayawangsule | nuntên sagung gêgunungan | ing Maduntên sadaya | wus amêpak wadyanipun | kinèn siyaga ngayuda ||

14. wus samêkta budhal enjing | atata ing lampahira | ing marga tan winiraos | Kumpêni ing lampahira | prapta ing Toyadana | wontêndene kang amêthuk | kala nèng ing Banyudana ||

15. Ki Dipasasana Tubin | lampahira pan dinuta | mring gêgunungan sakèhe | kinèn ngaturi uninga | yèn sagung gêgunungan | Maduntên sakathahipun | mêthuk ing Asêm punika ||

16. lajêng lampahing KumpaniKumpêni. | dupi wau mèh andungkap | dhusun ing Asêm kilène | Kumêndur Ondorop mulat | tiyang Maduntên [Madu...]

--- 29 : 15 ---

[...ntên] kathah | sarta lan dêdamêlipun | kumêndhan sigra angatag ||

17. mring sakathahing upêsir | kinèn sami prayitnaa | sakathahing sinapane | kinèn amanggalakana | sarya dèn mimisana | myang sagung ing waosipun | kabèh sama dèn ligaa ||

18. saking panase ing galih | kumêndhan dènira mulat | mring wong Maduntên sakèhe | gêgunungan sinongsongan | anèng sanginggil kapal | nulya kumêndhan agupuh | akèn ngêgarkên songsongnya ||

19. anulya dipun songsongi | kumêndhan sigra lumampah | munggèng luhur turanggane | duk prapta Ngasêm samananga |Lebih satu suku kata: duk prapta Ngasêm samana. kumêndhan lampahira | nulya Radèn Wangsèngsantun | amurugi mring kumêndhan ||

20. adharat Dyan Wangsèngsari | kumêndhan munggwing turôngga | nulya têtabean age | sasampuning têtabean | lajêng Dyan Wangsèngsêkar | manggihi tuwan kumêndur | pan sampun atêtabean ||

21. sampuning mangkana nuli | ingajak lajêng lampahnya | dhatêng ing pagêlarane | myang gêgunungan sadaya | wau sapraptanira | pagêlaran samya lungguh | kumêndur lan wong Madura ||

22. dene kang wadya Kumpêni | sadaya sami prayitna | sampun angrakit barise | anjaga tiyang Madura | kumêndur wus angatag | atanya wong Madurèku | ki juru tulis ingatag ||

23. kinèn atanya tumuli | mring gêgunungan Madura | ki juru tulis têmbunge | mring gêgunungan sadaya | puniki laku dika |

--- 29 : 16 ---

prapta ing Kartasurèku | sintên kang akon andika ||

24. dene têka ngrêrusuhi | nagarane jêng susunan | Jayasudira saure | inggih gusti panêmbahan | kang akèn ing manira | manira kinèn anggêpuk | anarungi tiyang Cina ||

25. kinèn nyirnakakên mami | Cina saking Kartasura | nuntên kinèn takèn malèh | punapaa pakênira | yèn nêdya abêcika | kalawan kangjêng sinuhun | miwah yèn nêdya bêcika ||

26. pakênira lan Kumpêni | punapia pakênira | wani ngusung kagungane | susunan ingkang arupa | mariyêm lawan gôngsa | wong Madura aturipun | manawi boya angrasa ||

27. ngusungi kagungan aji | mariyêm myang rupa gôngsa | juru tulis takèn malèh | lan malihe pakênira | sintên awèh parentah | têka bêboyong puniku | punapi Pangran Madura ||

28. kang akon pakênirèki | boyongi wong Kartasura | Jayasudira ature | lah pundi rupane mangkya | kang bêboyong tiyangnya | dèn cêkêla tiyangipun | kumêndur sapamirsanya ||

29. anulya sami apikir | kalawan tuwan kumêndhan | amrih pênêd ing lampahe | amung kangjêng sri narendra | wau ingkang rinêbat | wilujêng lampah sang prabu | enggala malih ngadhatyan ||

30. de risaking tanah Jawi | apan Kumpêni kaduga | yèn amulyakêna malèh | kumêndur pangraosira | têtanya wong Madura | ingupamakkên puniku | atêtanya [a...]

--- 29 : 17 ---

[...têtanya] ing wong edan ||

31. nuntên juru basanèki | kinèn amicantênana | mring sakèh gêgunungane | tiyang Maduntên sadaya | mangkana pitêmbungnya | hèh Ki Jayasudirèku | inggih laku pakênira ||

32. nirnakkên Cina puniki | saking nagri Kartasura | kumêndur sangêt trimane | mring gêgunungan sadaya | nanging ingkang parentah | ing mangke tuwan kumêndur | mring pakênira sadaya ||

33. pakênira kinèn mulih | maring nagari Madura | bodhola sadina mêngko | boya kêna pakênira | yèn malih umatura | nuntên umangkata gupuh | samana tiyang Madura ||

34. manawi wontên kang wani | ambêkta kagungan nata | miwah ambêkta wong wadon | sami kinèn angrêbatkangrêbata. | upêsir wus parentah | mring sareyan kopralipun | sadaya wus sami mangkat ||

35. mring pondhok wong Madurèki | miwah kang ngambêngi marga | kwèh kacandhak bêbêktane | wau têtiyang Madura | ingkang warni sanjata | mariyêm apan rinêbut | tinilar anèng ing marga ||

36. dening kang warni pawèstri | kang kacandhak pondhokira | jinaluk gampil kemawon | dhatênga Kumpêni Islam | wanèh ingkang kacandhak | wong èstri anèng dêlanggung | jinaluk pan datan suka ||

37. pinêksa rinêbut wani | rinencangan wawan-wawan | kongsi amaos-winaos | tinilare kang wanodya | wau kang kawarnaa | dutanira sang aprabu | kang wasta Trunamanggala ||

38. dinuta mring

--- 29 : 18 ---

Madurèki | sapraptane ing Madura | sampun tinampèn surate | dhatêng pangran ing Madura | sampuning maos surat | pangran langkung dukanipun | mring wadya kang kinèn yuda ||

39. kang maring Kartasurèki | dene kamipurunira | anglêbokakên kadhaton | mring pangran ngabèi sira | nulya Pangran Madura | mêpêk punggawa kang kantun | kinêmputakên sadaya ||

40. dening wadya ingkang kari | mung kantun tigang wadana | kang rumêksa ing dalême | kang prajurit ing Madura | sinusulkên sadaya | kèrid dhatêng lampahipun | dutanira sri narendra ||

41. pangeran wêlingirèki | marang ing punggawanira | lah têka sèrèdên bae | kang ana sajroning pura | sapa kang akon baya | mangkono pratingkahipun | iya Si Jayasudira ||

42. yèn wis mêtu iku aglis | anulya kangjêng susunan | aturana angadhaton | dèn enggal aywa antara | sigra anulya budhal | wau dutanya sang prabu | angirid wadya Madura ||

43. mêdal kilèn lampahnèki | apan ing dharat kewala | Garobogan pangidule | kala praptanya samana | sarêngan praptanira | kalawan tuwan kumêndur | milanya tan karawatan ||

44. dadya sarêngannya mulih | lan wong Madura sadaya | nanging kala duk praptane | kumêndur ing pagêlaran | nuju tiyang Madura | lagya andandani wau | Subrastha Sagarawana ||

45. ênggènnya wontên sitinggil | samana kang binandanan | lagi

--- 29 : 19 ---

dinèkèk ing kèsèr | dene Nyi Satomi ika | lagya ngudhunkên ika | saking galindhinganipun | kasêlak Kumpêni prapta ||

46. dening pangeran ngabèi | saangkate wong Madura | gya winêdalakên age | saking sajroning kadhatyan | ngantukakên samana | dhatêng ing tuwan kumêndur | marang dalêm Pangabean ||

47. kumêndur mondhok sitinggil | kumêndhan ingkang dinuta | asowan dhatêng sang katong | masanggrahan Sumabratan | apan sampun binêktan | kang wadya Kumpêni wau | tigang Kumpêni kathahnya ||

48. ingkang awarni Walandi | sakumpêni kathahira | Lutnan Owis pangagênge | wangsul kang sakumpêninya | wasta Kapitan Barak | punika pagêngipun |Kurang satu suku kata: punika pangagêngipun. kang sakumpêni Makasar ||

49. wastane pangagêngnèki | Kapitan Dhaèng Mabelah | sampun lumampah sirage | sapraptaning Sumabratan | sigra tuwan kumêndhan | amêngkul jôngga sang prabu | saha tangis aturira ||

50. milanira asmu tangis | ature tuwan kumêndhan | dening kagagas manahe | kala wontên Pranaraga | miwah kala wêdalnya | sang nata saking kadhatun | punika ingkang kagagas ||

51. aturira ing narpati | kumêndhan sira atanya | kapilujêngan sang katong | sarya ngunjukakên sira | tabenya kang sudara | kang nama tuwan kumêndur | konjuka ing sri narendra ||

52. ngandika tarima kasih | wau kangjêng sri narendra | kumêndhan malih wuwuse |

--- 29 : 20 ---

lan malih sudara nata | kumêndur atur wadya | Kumpêni jaga sang prabu | tigang Kumpêni kathahnya ||

53. Walandi kang sakumpêni | kang sakumpêni Makasar | wangsul kang sakumpênine | kang Walônda kapalanya | pun alpèrès punika | kang nama Owis karuhun | samangke jinunjung lênggah ||

54. dhatêng tuwan komasaris | sinungan anama lutnan | nuntên ingandikan age | Lutnan Owis mring sang nata | Lutnan Owis saksana | atur salamêt sang prabu | anuntên tuwan kumêndhan ||

55. matur malih ing narpati | inggih saudara nata | kumêndhan wêling ature | yèn amarêngana lêga | galih paduka nata | inggih kangjêng sang aprabu | ingaturan ngadhatona ||

56. inggh dintên benjing-enjing | yèn lêga galih narendra | sudara nata asaos | utusan mêthuk sang nata | ngandika sri narendra | ya tarima kasih ingsun | kumêndhan sira matura ||

57. marang ing sudara mami | ingkang dhingin tabeningwang | myang tarima kasih ingong | iku sira têkakêna | de ingsun ingaturan | angadhaton besuk-esuk | liwat dening sukaningwang ||

58. esuk dèn papaga mami | yêkti ingsun nuli budhal | kumêndhan wus pamit age | wangsul dhatêng sitibêntar | wau tuwan kumêndhan | wus panggih lawan kumêndur | andhatêngkên tabe nata ||

59. kumêndur sapamirsèki | lakunglangkung. saking bungahira | anulya wau enjinge | kumêndhan ingkang lumampah |

--- 29 : 21 ---

dhatêng Kasumabratan | mêthuk budhalnya sang prabu | ambêkta Kumpêni Islam ||

60. kathahnya kalih Kumpêni | sapraptaning Sumabratan | wus apanggih lan sang katong | sang nata wus ingaturan | ri sampuning samakta | anulya sira sang prabu | saking ing Kasumabratan ||

61. saha wadya budhal sami | punggawa budhal sadaya | datan kawarna lampahe | kumêndur sigra amapag | anèng ing pagêlaran | sarawuhira sang prabu | ing pagêlaran samana ||

62. lan kumêndur wus apanggih | anulya atêtabean | pêngkul-pinêngkul sang katong | lan kumêndur sawusira | têtabean pinarak | nèng bangsal pangrawitipun | sang nata amung sakêdhap ||

63. kumêndur nulya ngaturi | dhumatêng kangjêng susunan | ngaturan kondura age | manjing dalêm kênya pura | dening ibu sang nata | inggih kangjêng ratu agung | dahat onêng mring sang nata ||

64. anuntên sri narapati | têdhak dènira pinarak | saking bangsal pangrawite | lumampah kêkanthèn asta | lan kumêndur samana | dupi sang aprabu rawuh | anèng paregolanira ||

65. sigra kangjêng ratu aglis | amêthuk kilèn mandhapa | rawuhe putra sang katong | salêbête ingkang putra | nulya rinangkul enggal | mring kang ibu sarta muwun | kang putra ingaras-aras ||

66. kumêndur anulya aglis | ngaturi salamêtira | dhatêng kangjêng ratu gêdhe | anulya sami pinarak | nèng madyaning pandhapa | kumêndur nulya umatur |

--- 29 : 22 ---

dhumatêng kangjêng susunan ||

67. mênggah ing mêngsah narpati | kang wontên nagri Mataram | tiyang Cina sakathahe | punika sampun sumêlang | galih sri naranata | yèn sampun prênah gènipun | Kumpêni kang nirnakêna ||

68. kumêndur sampunirèki | umatur dhatêng sang nata | anulya apamit age | mêdal dhatêng sitibêntar | maring pondhokanira | samana ingkang winuwus | pangadhatonnya sang nata ||

69. ing dina Saptu anênggih | tanggal ping kalih likurnya | nuju ing wulan Sawale | ing taun Alip samana | sinangkalan pandhita | nênêm angrasani ratu |Sengkalan: pandhita nênêm angrasani ratu (1667 A.J., 1742/1743 A.D.). ri sampunira mangkana ||

70. nuntên sontênipun nênggih | Radèn Arya Pringgalaya | atur uninga sang katong | yèn Dènmas Garêndi sira | mangke wontên Ngayogya | anênêlukakên sampun | dhatêng têtiyang Mataram ||

71. sang nata nuntên nimbali | dhatêng Ondorop kumêndhan | tinimbalan malêbèng jro | sapraptaning ngarsa nata | kumêndhan aturira | yèn suwawi karsa prabu | mêngsah kang wontên Mataram ||

72. wadya ing môncanagari | punika kang anggitika | lan wadya Surapringgane | dening kang anindhihana | inggih Dyan Pringgalaya | lan pun Panji Tohjayèku | sang nata pangandikanya ||

73. lah iya kumêndhan aglis | kumêndur pêpoyanana | yèn ika sun lakokake | ya Si Arya Pringgalaya | lan Si Panji Tohjaya | anindhihana ing pupuh | prange wong

--- 29 : 23 ---

môncanagara ||

74. lan wong ing Surabayèki | iku kang sun kon mèlua | kumêndhan wus mêdal age | saking dalêm ing kadhatyan | nulya suka uninga | wau dhumatêng kumêndur | wus tinuturkên sadaya ||

75. saandikaning narpati | lamun Radèn Pringgalaya | kang tinuduh têtindhihe | sakalangkung sukanira | kumêndur amiyarsa | nulya kumêndur amuwus | dhatêng Radyan Pringgalaya ||

76. inggih rahadèn upami | mêngsah kang wontên Mataram | benjing wontêna abote | andikanipun akêbat | nuntên suka uninga | sayêkti kula abantu | dhatêng ing laku andika ||

77. kula bantoni Kumpêni | awrate lampah andika | nanging Dyan Pringgalayane | apan kalane samana | ing tyas dèrèng sakeca | dening pêpatih sang prabu | Kya Dipati Wirarêja ||

78. kala nèng ing Pranaragi | kongsi dhatêng Sumabratan | Wirarêja pêpatihe | dupi sang nata ngadhatyan | Kiyai Wirarêja | apan lampahira laju | nêtêpi Natakusuman ||

79. sarêng konjuk ing narpati | Ki Dipati Wirarêja | kadukan dhatêng sang katong | winastan ngriyini karsa | dening Dyan Pringgalaya | wau kabatinanipun | sakalangkung ngarsa-arsa ||

80. dhawuhing pangandikaji | mênggah dhatêng kapatihan | nanging kangjêng sang akatong | samana dèrèng akarsa | andhawuhna andika | dene dèrèng apirêmbug | lan Kumpêni ingkang karsa ||

81. nuntên kumêndur siraglis | sowan malêbèng jro

--- 29 : 24 ---

pura | apamit dhatêng sang katong | mantuk dhatêng ing Samarang | ya ta sri naranata | anglilani pamitipun | sarya nata angandika ||

82. mring kumêndur dènirangling | lah kadipundi andika | prakara kang kula gawe | pêpatih kadi punapa | prayoga pakênira | lan manawa malihipun | pakênira winawêkas ||

83. mring sudara komasaris | tuwan kumêndur aturnya | inggih kawula sang katong | apan ta botên winêkas | yèn prakawis punika | de karya kula sang prabu | minggah dhatêng Kartasura ||

84. amuamung. ngantukakên mami | dhumatêng ing sri narendra | mantuk paduka ngandhaton | punika lamun wontêna | ingkang malang-malanga | yêkti kawula sang prabu | kang adarbe padamêlan ||

85. wontêndene saprakawis | ingkang kados pangandika | paduka wau sang katong | ing benjing sudara nata | komasaris piyambak | apanggih lawan sang prabu | sarta ngunjukkên punika ||

86. sakathah abdi narpati | kang samya wontên Samarang | punika binêkta kabèh | ingunjukakên sang nata | wusing matur mangkana | kumêndur apamit sampun | wus mêdal saking jro pura ||

87. sapraptanira ing jawi | lajêng budhal mring Samarang | dening wadya Kumpênine | apan tinilar sadaya | dene kang tinanggênah | saantukira kumêndur | ingkang amungkasi karya ||

88. Kumêndhan Ondrop anênggih | kang awèh sawarninira | wadya Kumpêni sakèhe | mila wadya Kartasura | sami

--- 29 : 25 ---

têntrêm sadaya | de wadya Kumpêni agung | kang rumêksa ing narendra ||

89. miwah abdi agêng alit | tan wontên sangsayèng manah | dènnya sumuyud ing katong | miwah kang ibu wadwanya | suyudipun mangkana | nanging wau kangjêng ratu | agêng kèngêtan ing driya ||

90. mring wadya kang tuwuk êsih | ing nguni ingkang kinarya | panjênênganing karaton | Ki Gambuh ika wastanya | kagagas ing wardaya | dhumatêng ing kangjêng ratu | yèn akathah cidranira ||

91. samana dukaning galih | kangjêng ratu angandika | mring abdi prayayi wadon | alah sira undangêna | mêngko andikaningwang | marang sakèhe wongingsun | yèn Si Gambuh mêngko ingwang ||

92. tan arsa ngabdèkkên maning | ing saturun-turunira | kang abdi ngestokkên kabèh | ing gusti kang pangandika | warnanên sri narendra | nimbali punggawanipun | wadana ing Kartasura ||

177. Radèn Pringgalaya kadhawuhan nyirnakakên mêngsah Cina ingkang pacak baris wontên ing Ngayoja

93. miwah Dyan Pringgalayèki | wus pêpak nèng ngarsa nata | ya ta ngandika sang katong | dhatêng Radèn Pringgalaya | kayapa pikirira | ing mêngko sira sun tantun | sapa layak prayoganya ||

94. ingkang mèlua sirèki | anggitik mungsuh Ngayogya | lan kang patut ngrêksa mring ngong | kang kari nèng Kartasura | ya ta Dyan Pringgalaya | apakèwêd aturipun | kang dados [da...]

--- 29 : 26 ---

[...dos] pakèwêdira ||

95. dening kangjêng sri bupati | dèrèng adhawuh andika | kang têrang mênggah pêpatèh | nulya Radèn Pringgalaya | mojar dhatêng ing sira | mring Dyan Mlayakusumèku | lah adhi Mlayakusuma ||

96. nêdha adhi kadipundi | mangke pikir pakênira | dèrèng kongsi amiraos | Radèn Malayakusuma | kasêlak nata duka | mangkana dêdukanipun | mring sira Dyan Pringgalaya ||

97. ingsun iki tan andugi | iya ta kalamun ana | wong cêlak-cêlak mangkono | têka nora dhêmên ingwang | iku tan tinaria | iya lara atinipun | kayapa wong kaya sira ||

98. yèn tinari makèwuhi | ana ngalas ana ngomah | pikirmu kaya mangkono | bok wis mêmarèni sira | ya ta Dyan Pringgalaya | dahat konjuk mukanipun | ing siti arsa karuna ||

99. kang samya nèng ngarsa aji | tan angraos darbe gêsang | anulya tinundhung age | sadaya samyatur sêmbah | wus samya lajêng mêdal | anuntên ing sontênipun | Kya Dipati Wirarêja ||

100. dhatêng ing dalêmirèki | Radèn Arya Pringgalaya | anglêlipur ing manahe | rèhira mêntas kadukan | sampuning manah eca | nulya Wirarêja mantuk | nuntên malih enjingira ||

101. kumêndhan malêbèng puri | asowan dhatêng sang nata | andhatêngakên ature | dhumatêng sri naranata | mangkana aturira | prakawis ing lampahipun | kang anglurug mring Ngayogya ||

102. yèn suwawi lan karsaji |

--- 29 : 27 ---

inggih Radèn Pringgalaya | ingandikakna kemawon | sampun mawi tinantuna | nanging kang dhèrèk lampah | têranga karsa sang prabu | kang sinuhun angandika ||

103. iya karsaningsun yayi | kalamun Si Pringgalaya | anglêgakêna tiningong | bocahngong môncanagara | lan wadanangong jaba | saana-anane iku | lawan Si Panji Tohjaya ||

104. sun karya jêjênêng mawi | kumêndhan ing aturira | inggih punika asae | nanging pangandika nata | age nuntên dhawuha | kumêndhan wus amit mêtu | anuntên sri naranata ||

105. nimbali pra wadanaglis | myang wadya môncanagara | dening radèn dipatine | Suradiningrat samana | baris ing Lèpènbendha | mila baris Lèpèn-gandhu | duk kumêndur arsa minggah ||

106. mring nagri Kartasurèki | samana têtiyang Cina | kang anèng Kêdhu wartane | abaris anèng ing Jêthak | anjog margagêng ika | mila baris Lèpèn-gandhu | têtiyang ing Pranaraga ||

107. wontêndene sri bupati | dènnya nimbali wadana | wus prapta ing ngarsa kabèh | miwah Radèn Pringgalaya | sang nata angandika | hèh Pringgalaya sirèku | iya sira lumakua ||

108. sira gitika tumuli | mungsuh kang anèng Ngayogya | dening wadyaningsun kabèh | iya ing môncanagara | adhi Mangkunagara | sawadyane ing Madiun | iya ingkang nindhihana ||

109. de Si Panji Tohjayèki | iku mèlua ing sira | dadia jêjênêng ingong | lan mantri sun Surabaya |

--- 29 : 28 ---

iku padha mèlua | apan sandika turipun | sadaya ingkang ingatag ||

110. apan wus katundhung mijil | ri sampuning asamêkta | tumulya budhal lampahe | sira Radèn Pringgalaya | myang wong môncanagara | datan kawarna ing ênu | lampahe prapta ing Gondhang ||

111. pan sampun atata baris | kèndêl samya rêrêmbagan | marang punggawa sakèhe | miwah wong môncanagara | sira Dyan Pringgalaya | sasampunira arêmbug | nulya Radèn Pringgalaya ||

112. akarya duta anêlik | dhatêng panggenaning mêngsah | sampun lumampah dutane | praptèng panggenaning mêngsah | apan sampun têtela | kang duta panêlikipun | anulya wangsul saksana ||

113. mring Radèn Pringgalayèki | pan wus ngaturi uninga | yèn mêngsah mangke ênggène | nênggih wontên ing Ngayogya | dening têtiyang Cina | sadaya samya akumpul | nunggil kalih ratunira ||

114. kang nama Dènmas Garêndi | dening kalih tiyang Cina | kang wontên Kêdhu ênggène | wus kinumpulkên sadaya | dhatêng nagri Ngayogya | dening tiyang Jawinipun | kang mêthuk lampah sampeyan ||

115. lêlurah ing saragêni | kang dados pangajêngira | pun Sêcaranu wastane | lawan sapanêkarira | wau ingkang anama | pun Bobos lawan Blêgadhug | miwah wong Jawa sadaya ||

116. wus têlas aturing têlik | sigra Radèn Pringgalaya | parentah mring panêkare | punggawa ing Kartasura |

--- 29 : 29 ---

kinèn samya prayitna | miwah Pangeran Madiun | lawan sapanêkarira ||

117. punggawa môncanagari | miwah mantri Surabaya | kinèn ngati-ati kabèh | lamun Radèn Pringgalaya | arsa majêng lampahnya | ing Kêmalon kang dèn jujug | ing Gondhang kapungkurêna ||

217. Pangkur

1. ri sampunira samêkta | enjing budhal Radèn Pringgalayèki | saking Gondhang pan gumulung | lampahing wadyabala | wadyèng Surabaya têmpur lan Madiun | myang wadya môncanagara | miwah wong Kartasurèki ||

2. mila agênge kalintang | ponang baris apan ngèbêki margi | lampahnya dhêndhêng anglurug | wênèh abèr sing marga | dene ingkang dados panganjuring laku | Madiun lan Surabaya | watêk tate angsal titih ||

3. mila sumêrêg lampahnya | ciptanira kadya agea panggih | lan mêngsah Cina kang kumpul | anèng nagri Mataram | tan kawarna lampahira sampun rawuh | ing Pamalon gya katingal | kang mêngsah têtiyang Jawi ||

4. tan antara gya umangsah | ingkang mêngsah sêdyanira anggitik | ing baris kang lagya rawuh | dupi cêlak saksana | wadya mêngsah tan anggop pambêdhilipun | amalês wong Kartasura | rame prang bêdhil-binêdhil ||

5. wong Madiun wus atata | prajurite ingkang munggwing turanggi | môncanagara tan kantun | kang sami munggwing kuda | sarêng gitik anandêr panêmpuhipun | buyar tatane kang mêngsah | watêk dipun tunjang

--- 29 : 30 ---

wani ||

6. mêngsah sampun kathah pêjah | kang kacandhak gêsang dipun tumbaki | kathah kang malajêng nusup | ing pantun tan koningan | lêlurahe kang nama Ki Sêcaranu | apan wus kacandhak pêjah | wus tinigas mustakèki ||

7. panêkare kang anama | Ki Blagadhug Bobos pan sampun mati | kalih kinêthokan sampun | katiga lêlurahnya | êndhasipun sampun kabêkta têtêlu | linajêngakên saksana | mring nagri Kartasurèki ||

8. wau Radèn Pringgalaya | datan kandhêg lajêng lampahirèki | ing Parambanan jinujug | sampun apamondhokan | anèng pêkên dening pangajênging pupuh | mondhok pinggir lèpèn Umpak | nuntên mêngsah ing Matawis ||

9. andhatêngi ing ayuda | tiyang Cina pangajênging ajurit | prapta ambêdhili purun | wau têtiyang Cina | saking lèpèn Umpak tinadhahan sampun | winalês binêdhil sira | dhatêng wong Kartasurèki ||

10. arame dènira aprang | êlêt lèpèn rame bêdhil-binêdhil | wong Cina kalangkung purun- | nira sigra anabrang | saha surak tan anggop pambêdhilipun | mila wong ing Kartasura | sadaya lumajêng sami ||

11. tan kenging winangsulêna | saking sangêt gila manahnya wingwrin | dadya sangsaya lumayu | dahat asalin tunjang | rêbut dhingin palajêngnya nurut lurung | wontêndene mêngsah Cina | tan kandhêg amburu sami ||

12. dene Radèn Pringgalaya | palajêngnya nèng Gondhang rèrèn sami | wus mlajêngkên dutanipun |

--- 29 : 31 ---

kinèn atur uninga | mring kumêndhan yèn asor ing yudanipun | tan adangu dènnya rarywan | têtiyang Cina gya prapti ||

13. ingkang amburu ing sira | Radèn Pringgalaya lumajêng malih | kawarnaa kang ingutus | nguni ngaturkên sirah | pukul gangsal praptaning Kartasurèku | anjujug dhatêng kumêndhan | mangkana aturirèki ||

14. lampah kawula dinuta | mring sudara tuwan atur upaksi | yèn ing mangke lampahipun | inggih sudara tuwan | Radèn Pringgalaya mênang juritipun | wong Mataram kathah pêjah | mantrinya kacandhak mati ||

15. têtiga pan kinêthokan | kang satunggil pangajêngipun nênggih | awasta pun Sêcaranu | kang kêkalih namanya | kang satunggil pun Bobos kalih BlagadhugBlêgadhug. | punika sirah kabêkta | katura dhatêng narpati ||

16. sigra malêbèng jro pura | kumêndhan atur uningèng narpati | sakalangkung sukanipun | ing tyas sri naranata | ya ta miyos jawining regol sang prabu | sang nata aris ngandika | mring duta kang lagya prapti ||

17. hèh iku êndhase sapa | sira gawa duta matur wotsari | sirahipun Sêcaranu | katiganya punika | êndhasipun pun Bobos kalih Blagadhug | sang nata pangandikanya | iku panêmune ugi ||

18. wong tan salamêt atinya | iya nuli cinêndhak umurnèki | ya ta sang nata andangu | dhatêng kang ponang duta | Si Wirajaya apa ana kadulu | ponang duta matur nêmbah | inggih

--- 29 : 32 ---

botên wontên kèksi ||

19. pangandikaning narendra | Si Wirajaya kacandhaka bêcik | wus kinèn amanjêr wau | ponang sirah katiga | wontên karêtêg salère pêkên agung | sang nata wus manjing pura | kumêndhan pan sampun mijil ||

20. sapraptaning pondhokira | pan adangu wanci bakda mahêrib | nuntên wontên duta rawuh | angaturi uninga | lamun Radèn Pringgalaya prang kaburu | amêngsah têtiyang Cina | tan kandhêg pamburunèki ||

21. kumêndhan sampun prayitna | wadya samya kinèn angati-ati | wus katur dhatêng sang prabu | kawone Pringgalaya | yèn wong Cina tan kèndêl pambujêngipun | sang nata gègèr ing nala | kang wadya wus dèn undhangi ||

22. kinèn sami prayitnaa | dupi wanci bakda ngisa anuli | sakathahing abdinipun | magang kang tinimbalan | manjing pura sapraptane ngarsa prabu | gya samya sinung bêbêktan | yatra kagungan narpati ||

23. nyakanthong tiyang satunggil | sarta sinung gêgaman warni lêmbing | sampun waradin sadarum | nulya tinundhung mêdal | saking dalêm kênya puri kinèn kumpul | nèng pasowan pamagangan | kinèn prayitnèng ajurit ||

24. wau ingkang kawarnaa | ingkang sami kapalajêng ing jurit | Rahadèn Pringgalayèku | palajêngnya sing Gondhang | wanci surup srêngenge anèng dêlanggung | tiyang Cina sêlak prapta | anuntên lumajêng malih ||

25. sira Radèn Pringgalaya | praptèng Piji praptanya

--- 29 : 33 ---

madya latri | panarkanira ing kalbu | sira Dyan Pringgalaya | Cina môngsa nututana dalu-dalu | nulya kèn mêndhêti lincak | sira Dyan Pringgalayèki ||

26. apan akarsa kinarya | têtilêman Rônggasupatra Baki | samana lajêng ingutus | angaturi uninga | mring narendra nanging kang atunggu pintu | Kumpêni pan datan suka | malêbêt Ki Rôngga Baki ||

27. Rôngga Baki lajêng ical | dene Radèn Arya Pringgalayèki | nèng Piji ingkang atunggu | amung Ki Wiradigda | lan Ki Ônggapati lan sawarninipun | wontên têtiyang sadasa | wau Dyan Pringgalayèki ||

28. lagyarsa nglêgèyèh sira | tan uninga yèn tiyang Cina prapti | sarta bêdhil praptanipun | ing bêdhil kalantaka | sarêng mungêl kalantaka kalihipun | gugup Radèn Pringgalaya | lajêng anitih turanggi ||

29. ya ta kantun waosira | praptèng tambak ing sêgantên pan eling | lamun kantun waosipun | nulya Ki Wiradigda | ingkang kinèn amangsuli waosipun | agya Kyai Wiradigda | mangsuli waos kapanggih ||

30. taksih sumendhe ngênggènnya | gya jinuput Ki Wiradigda aglis | wangsul nandêr kudanipun | tinututan ing Cina | sarta binarondong ing bêdhil gumrudug | sira Radèn Pringgalaya | kalangkung maras ing galih ||

31. anarka kalamun pêjah | Wiradigda dening binendrong bêdhil | tan adangu praptanipun | sira Ki Wiradigda |

--- 29 : 34 ---

wus apanggih lan Radèn Pringgalayèku | wus sinungakên saksana | waosnya wus dèn tampani ||

32. marang Radèn Pringgalaya | sakalangkung pangalêmirèng nguni | marang Ki Wiradigdèku | sira Dyan Pringgalaya | datan kandhêg wau ing palajêngipun | sêdyanya palajêngira | manjing alun-alun ngungsi ||

33. nanging kang atêngga lawang | pan asangêt tan suka dèn lêbêti | nuntên mingsêr ngalèr wau | sêdyanya arsa mêdal | galedhegan êlèr kang atêngga pintu | Kumpêni pan botên suka | manjing Dyan Pringgalayèki ||

34. ya ta Kyai Wiradigda | mojar dhatêng Radèn Pringgalayèki | lah Radèn kang têngga pintu | puniki amicara | singa-singa gih ingkang mêksa malêbu | pasthi manira sanjata | sawab iki maksih wêngi ||

35. sigra Radèn Pringgalaya | ngajak mundur mantuk mring wismanèki | wismanya kapanggih suwung | sami ngili sadaya | kawarnaa tiyang Cina praptanipun | madya latri wayahira | sêdyanya angrampêd wani ||

36. mring kori kidul samana | ingkang tinanggênah atêngga kori | Kapitan Mabelah purun | sawadyanya Makasar | samya dhêdhêp tan wontên sabawanipun | ngantos cêlake wong Cina | nanging wus samya miranti ||

37. dupi katingal wong Cina | sarêng cêlak sigra binendrong bêdhil | wau suraknya gumuruh | wau têtiyang Cina | kaclakuthak prangira sangêt amundur | angilèn palajêngira | praptèng kajlêgongan sami ||

--- 29 : 35 ---

38. mingêr angalèr samana | ing Kasurabayan ingkang dèn jogi | wus anunggil rencangipun | kang mêdal kilèn samya | dene Kumpêni tan mêdali prangipun | nanging wus mranti sadaya | sigra Cina dèn tintaki ||

39. saking purune wong Cina | dipun tintak dènnya angrampid wani | ampungan ing masjid agung | mila purun samana | tiyang Cina angrampid cêlak kadhatun | têrkaning kang manahira | Kumpêni winastan sêpi ||

40. sami mantuk mring Samarang | sarta têrkanira ing manah malih | nênggih kangjêng sang aprabu | tinarka lamun têdhak | mring Samarang sarêng kalihan kumêndur | mila Cina purunira | angrampid nyêlaki puri ||

41. dupi wau kaparanggal | tiyang Cina tinintak ing Kumpêni | Cina wruh yèn tintakipun | Kumpêni kang tumama | tan antara wong Cina sigra umundur | angrèrèhakên ing lampah | samya kèndêl wontên Piji ||

178. Lêlampahanipun Radèn Mas Suryakusuma ingkang pawingkingipun ajêjuluk Pangeran Adipati Arya Mangkunagara

42. kunêng gantya kawarnaa | kandhanira Pangeran Adipati | Mangkunagara sumusul | pan tinutur kewala | duk pangeran taksih alit lênggahipun | nama Dyan Suryakusuma | samana kesahirèki ||

43. saking nagri Kartasura | kala bêdhah nagri Kartasurèki | binêdhah tiyang Cinèku |

--- 29 : 36 ---

dene ingkang kinarya | ratu mring Cina kala pambêdhahipun | Radèn Garêndi namanya | madêg nata Sunan Alit ||

44. samana sira Rahadyan | Suryakusuma ênggènira angungsi |Lebih satu suku kata: Suryakusuma ênggènira ngungsi. nèng Laroh wastaning dhusun | nêngih ing Kamantênan | ingkang rayi kêkalih pan sami tumut | nama Dyan Martakusuma | lan Dyan Wiryakusumèki ||

45. nanging Dyan Suryakusuma | karsanira arsa nusul narpati | dhatêng ing Pranaragèku | sarta aturing êmban | kang anama êmban Wiradiwangsèku | sêdhêngnya arsa umangkat | kacandhak dutanirèki ||

46. dutanira ingkang rama | Jêng Pangeran Buminata nimbali | mangkana timbalanipun | yèn Dyan Suryakusuma | kinèn mantuk mring nagri Kartasurèku | lan wong Laroh kagawaa | cacah dhusun kawan biting ||

47. iku kabèh dèn gawaa | aja watir ingsun ingkang nangguhi | pan wus olèh gawe ingsun | sigra sira Rahadyan | Suryakusuma nulya umangkat gupuh | mring nagari Kartasura | ari kalih datan kari ||

48. kang nama Martakusuma | Wiryakusuma kalih samya ngiring | tiyang Nglaroh cacahipun | kawan atus punika | wus kabêkta sadaya pan datan kantun | kang umiring sira radyan | wong wolung dasa watawis ||

49. praptane ing Kartasura | pan anuju bibar watang anênggih | anjujug pasowanipun | Pangeran Buminata | lajêng mondhok ing pasowan kang jinujug | wong Nglaroh ingkang kabêkta | singa

--- 29 : 37 ---

wong ingkang mêndhêti ||

50. dene Pangran Buminata | apan botên kuwasa angukuhi | Radèn Suryakusumèku | samana kalampahan | amagang wontên Pangran Buminatèku | sarta ari kêkalihnya | ri sampuning lami-lami ||

51. Rahadyan Suryakusuma | apêpanggih lan Ki Natapranèki | Ki Nataprana lingipun | lah ta radèn andika | pan asangêt andika ingayun-ayun | mring Mangunonêng punika | kang madêg Dipati Pathi ||

52. marmane ingarsa-arsa | têmbungipun mring Ki Dipati Pathi | maring dika sêdyanipun | apan arsa malêsa | kapênêdanipun ramanta rumuhun | lan angeman mring andika | lamun andika puniki ||

53. yèn kasasabana kônca | ning wong Ki dipati tan ecèng galih | Radèn Suryakusumèku | nulya apêpikiran | lan êmbane aran Wiradiwangsèku | watêke wong taksih magang | Radèn Suryakusumèki ||

54. rencanyarencangnya. tan wontên mangan | lan kapencut ing aturira nênggih | Ki Dêmang Natapranèku | nulya sami Rahadyan | Suryakusuma myang ari kalihipun | apamit maring kang rama | Pangeran Buminatèki ||

55. asangêt pangandhêgira | ingkang rama Pangran Buminatèki | mangkana andikanipun | kulup ywa kita lunga | têka ingsun iya wruhanira kulup | apan panjênênganingwang | arsa kinarya pêpatih ||

56. nanging Dyan Suryakusuma | datan kandhêg mêksa kesah siraglis | dhumatêng ing griyanipun |

--- 29 : 38 ---

Mangunonêng Dipatya | sarêng panggih akathah-kathah lingipun | amrih ecaa tyasira | Radèn Suryakusumèki ||

57. nulya ngaturakên sigra | mring ratune kang madêg Sunan Alit | wus pinrênahkên gènipun | winor prayayi magang | ing sangsaya botên eca manahipun | Rahadèn Suryakusuma | tansah pikir sabên latri ||

58. nanging kang tansah rinêmbag | lan êmbane pan datan wontên malih | amung gènnyarsa anusul | ngetan dhatêng sang nata | nanging arsa wau sabên angkatipun | kang eyang nulya aniba | sarya sêsambat anangis ||

59. mring êmban sêsambatira | hèh Wiradiwôngsa ywa ta turuti | sakarsane putuningsun | yèn sira turutana | kayaparan Wiradiwôngsa polahku | mila kandhêge samana | rahadèn karsanirèki ||

60. kongsi ambal ping sakawan | dènnya kesah kandhêg dening kang nini | nuntên nyandhak gêrah wau | Radèn Suryakusuma | tan winarna samana ing laminipun | nagari ing Kartasura | nulya bêdhahira nguni ||

61. binêdhah tiyang Madura | nulya Radèn Suryakusuma ngili | mring Lungge pangilinipun | lawan ari kalihnya | arsa dhatêng ing Mataram sêdyanipun | nanging kang eyang tan suka | ratu kadipatèn nênggih ||

62. kinèn sampun kesah-kesah | saking Lungge nulya wong Sampang prapti | anèng dhusun Lungge wau | apan angapus krama | mring Dyan Suryakusuma lan arinipun | lajêng binoyong samana | Radèn Suryakusumèki ||

--- 29 : 39 ---

63. dhatêng têtiyang Madura | lan sadarbèk-darbèke dèn pêndhêti | mring tiyang Madura wau | Radèn Suryakusuma | apan têlas sadaya tan wontên kantun | miwah ratu kadipatyan | apan ta makatên malih ||

64. sapraptaning Kartasura | sira radyan pinrênahkên tumuli | mring têtiyang Madurèku | griyane Ki Mandura | sarta wus têlas sadarbèk-darbèkipun | mung kantun dhuwung satunggal | kalayan nyamping satunggil ||

65. dhuwung kang kantun wastanya | pun Wadhudhak kêmalon kewalèki | de kang rayi kalihipun | wontên wong Sampang wêlas | suka dhuwung awon-awon dhuwungipun | anuntên kumêndur prapta | saking nagari Samawis ||

66. Kumêndhan Ondrop rowangnya | tiyang Sampang kabèh tinundhung mulih | Dyan Suryakusuma antuk | têtilare wong Sampang | warni kapal alit satunggil lan lêmbu | kalayan ringgit sakawan | kang lêmbu winade nuli ||

67. apan pajêng pitung sêka | kang sareyal tinumbasakên kambil | kalawan kêndhangsulipun | kang sajampêle ika | apan tinumbasakên ing tumbakipun | kantun sasuku samana | tinumbaskên nyamping lurik ||

68. nulya Dyan Suryakusuma | dhatêng Kusumabratan anulyaglis | sowan dhatêng ing sirèku | Rahadyan Pringgalaya | lawan kang rayi kêkalih datan kantun | awêling atur samana | konjuk sang sri narapati ||

69. dhusun ing Laroh kenginga | dipun suwun dhatêng sri narapati | cacah damêl kawan atus |

--- 29 : 40 ---

kenginga kalampahan | wong têtiga de sadamêl-damêlipun | apan inggih kaladosan | punapa karsa sang aji ||

70. linurugêna mring Gondhang | inggih dhatêng sandika kula ugi | Dyan Pringgalaya lingipun | radèn mangke kawula | tan kuwasa aluhung andika laju | aseba ing kaki dika | Ki Wirarêja ing mangkin ||

71. punika ingkang kuwasa | Radèn Suryakusuma anulyaglis | lajêng dhatêng pondhokipun | Kiyai Wirarêja | pan Kyai Wirarêja kapanggih turu | adangu pan ingantosan | sawungunira aguling ||

72. matur Dyan Suryakusuma | dhatêng Kyai Wirarêja turnèki | pan kados punika wau | aturira Rahadyan | Wirarêja lingira dika puniku | andika seba kewala | mring rama dika sang aji ||

73. anuhun ing Laroh dika | môngsa kalilana dika puniki | lan dhandhang gawe puniku | môngsa dika bisaa | Radèn Suryakusuma anulya mundur | tan pamit ing undurira | kalawan kang rayi kalih ||

74. mantuk mring Arya Mandura | duk samana anulya sri bupati | mantuk angadhaton wau | saking Kasumabratan | nuntên Radèn Suryakusuma tinundhung | dhumatêng ing Bagus Jaya | anulya kesah tumuli ||

75. Rahadyan Suryakusuma | kesah ngilèn Karubèn kang dèn jogi | lawan arinya kang sêpuh | Radèn Martakusuma | de ari nèm Radèn Wiryakusumèku | apan samana amisah | angidul purugirèki ||

76. dene Dyan Suryakusuma |

--- 29 : 41 ---

ciptanira arsa kesah ing latri | nanging ingkang eyang wau | ingkang tansah karuna | dahat datan suka kesah wayahipun | nuntên kasêmbuh ing wayang | sakawan punika nênggih ||

77. kang nèng Dyan Suryakusuma | duk pinundhut kang kinèn mundhut nênggih | pun Katakate ranipun | wadya kandêl ing nata | mila saya awêwah ing ajrihipun | Rahadèn Suryakusuma | mêksa arsa kesah latri ||

78. wontêndene ingkang eyang | sakalangkung sangêt anggêgendholi | nanging ingkang wayah wau | tan kenging ginendholan | amarêngi Dyan Pringgalaya kaburu | saking dhusun Parambanan | Cina praptanya ing latri ||

79. gègèr nagri Kartasura | têngah dalu Dyan Suryakusumèki | samana sampun lumayu | lajêng ing kesahira | lan arinya Radèn Martakusumèku | dene ari kang taruna | Radèn Wiryakusumèki ||

179. Prabu Kuning pacak baris wontên ing Randhulawang. Pangeran Buminata lolos saking nagari Kartasura

80. apan samana apisah | datan tumut ingkang raka ing nguni | kunêng gantya kang winuwus | mangsuli kang winarna | tiyang Cina kala kawone ing dalu | undure sing Kartasura | amapan wontên ing Piji ||

81. dupi Kumpêni katingal | tiyang Cina sigra umundur [u...]

--- 29 : 42 ---

[...mundur] sami | angidul palajêngingunpalajêngipun. | lajêng binuru sira | wadya Kumpêni wau pambujungipun | kandhêg Lèpènjêbol sira | dene kang nitih turanggi ||

82. lajêng angidul samana | pambujêngnya wong Makasar lan Bali | wong Walônda datan kantun | kang sami nitih kuda | winatara Walônda wontên sapuluh | pambujênge kongsi prapta | ing Dilanggu sami bali ||

83. kacandhak pêjah têtiga | tiyang Cina nênêm kacandhak urip | Kumpêni anuntên mantuk | dhatêng ing Kartasura | sapraptane kumêndhan lajêng malêbu | ngaturi uningèng nata | Cina kabujêng wus têbih ||

84. kacandhak pêjah têtiga | tiyang Cina nênêm kacandhak urip | sang nata aris andangu | dhatêng tuwan kumêndhan | hèh adhi Kumpêni kayapa ing laku | apa datan ana tiwas | kumêndhan aturnya manis ||

218. Dhandhanggula

1. mangkana aturirèng narpati | Kumêndhan Ondrop inggih sang nata | wadya Kumpêni sakèhe | wilujêng lampahipun | datan wontên rusak satunggil | sang nata angandika | iya adhi sukur | dening Cina kang kacandhak | nênêm iku ingkang padha misih urip | mêngko sore dèn enggal ||

2. padha sira kona amatèni | sun karya jajal têtowok ingwang | kang têka wetan sakèhe | ya ta kumêndhan sampun | mêdal saking dalêm ing puri | nulya ing sontênira | kagungan sang prabu | towok wus mêdal sadaya |

--- 29 : 43 ---

tiyatiyang. Cina wus sinaosakên sami | tinuwêkan sadaya ||

3. sinuduk mring Trênate satunggil | Cina atine lajêng tinêdha | dhumatêng tiyang Trênate | anuntên enjingipun | Kumêndhan Ondorop siraglis | pan wus angatag pacak | baris anèng Sanggung | wontêndene kang kinarya | têtindhih Kya Wirarêja Adipati | lan wong môncanagara ||

4. wadyèng Surabaya datan kari | samya baris nèng Sanggung samana | dening kang winarna malèh | Dyan Sujanapurèku | tinimbalan dhatêng narpati | kinèn angayomana | tiyang kidulipun | ing Bayali sadaya |Kurang satu suku kata: ing Bayalali sadaya. Radèn Sujanapura ingkang tut wingking | amung tiyang sadasa ||

5. ingkang jinujug lampahirèki | Dyan Jayapura ing Sudimara | nuntên ngapit-apit age | mring sakathah wong dhusun | aprang sami dhusun sirèki | asring mênang pêrangnya | katur ing sang prabu | Rahadèn Sujanapura | kapracaya mring nata sinung kêkasih | Dyan Arya Endranata ||

6. sarta dhawuhkên timbalan aji | iya sarupane wadyaningwang | sing sapa karêp ing gawe | datan ngarani ingsun | gêdhe cilik miwah pamburi | ing priyayi kalawan | wong desa pangindhung | myang rupa bêbêkêl desa | yèn akarêp marang pagawean mami | sun karya mantriningwang ||

7. miwah kang aduwe pêndhêm sami | aywa ana sumêlang ing driya | anaa sapa ênggone | ingsun ingkang amundhut | kang matêdhakakên ya mami | mring kang karêpan iya | pagawean ingsun |

--- 29 : 44 ---

samana pan kalampahan | Endranata tansah amêmacak mantri | kang pênêd damêlira ||

8. saya wiyar pangirupirèki | mila Radèn Arya Endranata | nulya apacak barise | anèng ing Sêlap sampun | kawarnaa Sunan Garêndi | wus majêng barisira | saha wadyanipun | dhumatêng ing Randhulawang | sawarnine wau têtiyang Matawis | ngalêmpak Randhulawang ||

9. miwah wadya Pagêlèn kinêrik | sami dhatêng wontên Randhulawang | karya pangajêng barise | wontên ing Ingas sampun | pangagênge baris Matawis | dene ing Kartasura | pangajêng nèng Sanggung | kalih dalu antawisnya | nuntên pangran ngabèhi malêbèng loji | kalayan arinira ||

10. kang nama Pangran Arya Matawis | suka uninga dhatêng kumêndhan | yèn Pangran Buminatane | kesah ing wau dalu | Kumêndhan Ondorop nulyangling | inggih kadi punapa | kesahe puniku | pangeran ing Buminata | punapa arsa umadêga narpati | dening botên kadosa ||

11. sami-sami ngawulaa ugi | botên apênêd angawulaa | dhatêng ingkang raka dhewe | lan ngawula puniku | inggih dhatêng Ratu Garêndi | pangran ngabèi mojar | sanadyan sadulur | tuwan apan seos manèh | kumêndhan wus mêlingkên Kya Tohjayèki | lawan Ki Naladirja ||

12. ya ta sapraptanirèng sitinggil | Panji Tohjaya lan Naladirja | kumêndhan anulya age | anyanthèlakên atur | lawan sira pangran ngabèi |

--- 29 : 45 ---

angaturi uninga | dhatêng sang aprabu | yèn Pangeran Buminata | kesahira wau kalanirèng latri | sigra Kyai Tohjaya ||

13. lan Naladirja wus manjing puri | sampun katur ing saaturira | kumêndhan ngandikan age | sarta kang raka wau | nênggih kangjêng pangran ngabèi | Pangran Arya Mataram | katiga tan kantun | sapraptaning ngarsa nata | kumêndhan wus umatur dhatêng narpati | pangran umatur samya ||

14. ri sampunnya têlas aturnèki | katiga dhatêng sri naranata | dènnyatur uning wiyose | angandika sang prabu | yèn mangkono kumêndhan uwis | adhi Arya Mataram | gantyanana iku | lêlakone Buminata | kalurahan lawan ajênênga mangkin | Si Arya Buminata ||

15. sampun tlas dhawuh parentah aji | sigra kumêndhan lawan pangeran | Ngabèi Buminatane | mêdal saking pura wus | pangran kalih lajêng apamit | mantuk ing dalêmira | nuntên sontênipun | sira Radèn Pringgalaya | praptèng loji anulya sira pêpanggih | lawan tuwan kumêndhan ||

16. pan amikir têdhaning Kumpêni | miwah ingkang awarni têtênggan | Dyan Pringgalaya dêlinge | mring Kumêndhan Ondorup | inggih tuwan kônca puniki | panangise kenginga | ngladosakên wau | inggih sapisan sawulan | sok mênêba lan sapetang dika ugi | amung angsala bamban ||

17. sanadyan botên angsala mangkin | angupados nagri Kartasura | sagêd angupados têbèh |

--- 29 : 46 ---

wus tinarima wau | apan sapanêdhanirèki | Rahadèn Pringgalaya | mring Kumêndhan Ondrup | kumêndhan sira atanya | marang sira Rahadèn Pringgalayèki | tanya wartining mêngsah ||

18. Dyan Pringgalaya aris dènirangling |Lebih satu suku kata: Dyan Pringgalayaris dènirangling. inggih wingi wontên tiyang prapta | awarti mêngsah ênggène | kapariksa turipun | Randhulawang kang dèn ênggèni | malah mêngsah punika | damêl alun-alun | tiyang kilèn sami prapta | miwah tiyang Ngrema pangagênge nênggih | wasta Jayadirana ||

19. mangke sampun ingalih kang nami | winastan Tumênggung Rêksadipraja |Lebih satu suku kata: wasta Tumênggung Rêksadipraja. tansah pangêbang-êbange | yèn kongsia ing besuk | angaèsi karya ing jurit | pan badhe tinariman | ing pangêbangipun | myang wong Pagêlèn sadaya | sapraptane dene pangajênge baris | sampun wontên ing Ingas ||

20. panêdyanipun kang dèn barisi | kang awasta dhusun Kadrêsanan | abêbiting pangarahe | dene ingkang tinuduh | mêdal kilèn Nilaprabèki | kalih pun Katawêngan | kumêndhan amuwus | inggih radèn yèn mangkana | lamun benjing panggenanipun wus pasthi | ingkang mêngsah punika ||

21. inggih ing benjing nuntên ginitik | mung têdhane Kumpêni punika | dika pikir ingkang sae | yèn kirang têdhanipun | têmah dadya angrêrusuhi | wong Kumpêni punika | yèn kongsia rusuh | yêkti kula botên bisa | asarêngên watake wong sami ngêlih | purun mawal parentah ||

22. lan malih andika parentahi |

--- 29 : 47 ---

rahadyan mangkya pun Wirarêja | ywa sah pangati-atine | lawan sakancanipun | sampun kandhêg atur upêksi | inggih dhatêng andika | panggenaning mungsuh | punika dèn tanahêna | gêng alite kang mêngsah dipun upêksi | nuntên aputusana ||

23. miwah Rahadèn Endranatèki | pinarentahan kadya punika | Dyan Pringgalaya nulyage | pan sampun pamit mantuk | nulya sira amarentahi | dhatêng ingkang pêpacak | baris anèng Sanggung | miwah kang baris ing Sêlap | apan sampun sadaya dèn parentahi | sami ngatos-atosa ||

24. ya ta nuntên enjingipun malih | Kya Wirarêja atur uninga | yèn tiyang Cina praptane | dhusun ing Ingas sampun | winatawis Cina kang prapti | gangsal atus kathahnya | amêmêling sampun | kumêndhan mring ponang duta | Wirarêja kinèna nahêna aglis | mêngsah panggenanira ||

25. yèn wus atanah ênggènirèki | iya nuli sun gitike enggal | ponang duta mêsat age | wangsul dhatêng ing Sanggung | dupi wayah ing têngah wêngi | wau Ki Wirarêja | pamondhokanipun | inginggahan maring mêngsah | tiyang Cina ing Madiun Surawèsthi | sami kagèt kewala ||

26. palajêngnya Ki Wirarêjèki | Pangran Madiun miwah kang wadya | kathah tilar dandanane | lajêng sira atur wruh | dutanira prapta ing loji | kumêndhan tangi nendra | ponang duta matur | tuwan kawula dinuta | mring sudara andika Kya Adipati | Wirarêjatur wikan ||

--- 29 : 48 ---

27. yèn tiyang Cina dalu dhatêngi | angrabasèng panggenan kawula | wadya kabèh kagèt bae | Cina duk praptanipun | datan tongsikongsi. dipun tanglêdi | kathah tilar dandanan | kang samya lumayu | nuntên kumêndhan saksana | pêparentah dhatêng sakathah upêsir | yèn akarsa anglarag ||

28. dhatêng Dilanggu karsanirèki | nuntên Radèn Pringalaya prapta | wus malêbu loji age | wadya Kumpêni sampun | pêpak ngalun-alun abaris | tan antara gya mangkat | kumêndhan mring Sanggung | datan kawarna lampahnya | praptèng Sanggung kumêndhan sampun apanggih | lawan Ki Wirarêja ||

29. miwah Pangeran Madiun sami | apanggih lawan tuwan kumêndhan | nulya kumêndhan atakèn | mring panggenane mungsuh | Wirarêja sampun awarti | yèn wangsul dhatêng Ingas | malih Cina sampun | nuntên Radèn Pringgalaya | apitakèn dhatêng Ki Wirarêjèki | pintên kathahing mêngsah ||

30. kang warni Cina dhatêng ing ngriki | aturira Kyai Wirarêja | inggih rahadèn kathahe | Cina kang dhatêng dalu | wontên kawan atus watawis | sami kagèt kewala | Cina praptanipun | milakwèh tilar dandanan | kang lumayu kumêndhan anulya aglis | amarentahi sira ||

31. marang Pangeran Madiun kalih | kinèn samya angatos-atosa | myang Kyai Wirarêjane | sampun kados karuhun | bilih tiwas kados ing nguni | dika damêl brandhiwak | wruha mungsuh rawuh | lan malih pangran andika |

--- 29 : 49 ---

lan Ki Wirarêja kèngkèna anêlik | dhatêng ing Randhulawang ||

32. wruha sarêmbag-rêmbagirèki | mêngsah kang wontên ing Randhulawang | lan sintên dinamêl gêdhe | katiga pan wus sanggup | anêlika mring Randhukori | ya ta kumêndhan sigra | mangkat sami mantuk | lawan Radèn Pringgalaya | sapraptane ing loji Kartasurèki | gya wêling atur samya ||

33. yèn arsa sowan atur upêksi | kalih anuntên sami ngandikan | manjing ing dalêm purane | praptèng ngarsa sang prabu | kumêndhan wus atur upêksi | dhatêng sri naranata | yèn kapanggih suwung | Cina tan wontên kapêdhak | nanging atur kawula dhatêng narpati | yèn suwawi ing karsa ||

34. abdi paduka pun Rajaniti | lêhêng katunggilna padamêlan | kalih pun Wirarêjane | sami wontên ing Sanggung | Rajaniti wontên nagari | tan wontên pakaryannya | ngandika sang prabu | iya apa karêpira | bocah gandhèk timbalana Rajaniti | konên mèlu si bapa ||

35. anèng Sanggung apacaka baris | ri sampun dhawuh timbalan nata | kumêndhan wus mêdal age | wau sasampunipun | Rajaniti dèn parentahi | nuntên Dyan Pringgalaya | sampun amit mantuk | mring gêdhong pakuwonira | nuntên dalunipun Pangran Singasari | kesah ing dalunira ||

36. dèrèng kantênan purugirèki | nuntên enjing Pangran Buminata | lan pangran ngabèi age | malêbèng loji sampun | mring kumêndhan paring upaksi | kumêndhan [ku...]

--- 29 : 50 ---

[...mêndhan] dêlingira | ya sapuluh-puluh | pangeran rayi andika | kudu agêng manahe tilara kaji | nuntên Dyan Pringgalaya ||

37. ingaturan malêbèng mring loji | sadhatênge Radèn Pringgalaya | kumêndhan atutur age | yèn Pangran Singasantun | kesah wau kalaning latri | pangran ngabèhi mojar | tan anyana ingsun | yèn si adhi Singasêkar | klakon lunga atinggal ing raka aji | dene nora kayaa ||

38. Dyan Pringgalaya aturirèki | inggih kêdah agêng ingkang manah | kumêndhan anulya age | manjing jroning kadhatun | angaturi uning narpati | yèn Pangran Singasêkar | kesah wau dalu | sang nata aris ngandika | lah kumêndhan ya karia dhewe mami | iya sun kapakêna ||

39. tan aduwe sanak mêngko mami | iya pun Kumpêni sanak ingwang | kumêndhan anulya age | mêdal saking pura wus | sapraptane wau ing loji | anuntên jêng pangeran | ngabèi mit mantuk | lan Pangeran Buminata | ri sampunira mangkana kang winarni | Pangeran Danupaya ||

40. apan kesah tatkalaning latri | ya ta katur dhatêng sri narendra | nanging tan dados rêntênge | apan sampun pinupus | lamun karsanirèng Hyang Widi | ya ta sri naranata | kintun sêrat sampun | dhatêng nagri ing Samarang | matêdhani uninga mring komasaris | lamun kang rayi kesah ||

41. kesah tatkalanira ing latri | saking nagari ing Kartasura | ari têtiga kathahe | Pangran Buminatèku |

--- 29 : 51 ---

kalih pangran ing Singasari | Pangeran Danupaya | ing katiganipun | ri sampun surat winaca | komasaris angungun sajroning galih | sêrat wus ingangsulan ||

42. mangkana raosing punang tulis | sampun susah ing tyas sri narendra | lamun Kumpêni kanthine | kalayan sang aprabu | kintun sêrat dhatêng kang rayi | Pangeran Mangkubumya | mangkana kang têmbung | sasampuning salam donga | dhawuh dhatêng ingkang rayi kapat nênggih | kang anèng ing Samarang ||

43. wiyose adhi mas Mangkubumi | adhi mas Rôngga Prangwadananya | kapat adhi Silaronge | iya sun awèh wêruh | marang sira yèn mêngko adhi | sadulurira lunga | sing Kartasurèku | lungane datan kawruhan | ing wong akèh lungane kalaning latri | kadangira têtiga ||

44. kang dhingin adhi Buminatèki | karo si adhi ing Singasêkar | lan kakang Danupayane | nanging panduganingsun | ing lungane kadangirèki | katêlu iku uga | kaya milu mungsuh | karanane mêngko ingwang | dening anak rabine Buminatèki | maksih ana ing mêngsah ||

45. lan dinuga mungsuh ingsun iki | môngsa tumuli iki sirnaa | mulane condhong atine | adhi Buminatèku | kaya milu rabinirèki | de adhi Singasêkar | wong kêkadang katut | dene mungguh kakangira | Danupaya iya ing panduga mami | lungane iku uga ||

46. milu ing mungsuh ingsun arani | iku kalêbu

--- 29 : 52 ---

etang-etangan | wong kagêdhèn ati bae | kilap apa sirèku | tèn-atène kakangirèki | Danupaya ing kuna | sawatêke iku | ewamangkana adhi mas | iya aywa dadi rasane tyasnèki | pan wus karsa ing Allah ||

47. ya ta Pangeran Amangkubumi | sakalangkung rudatining manah | kaya ge-agea mulèh | wau ingkang winuwus | mêngsah Cina sampun abaris | wontên dhusun ing Ingas | ambanjêl mring Sanggung | kang baris ing Sanggung kalah | Wirarêja tumulya atur upêksi | dhumatêng ing kumêndhan ||

48. sigra kumêndhan apacak baris | ri sampuning pêpak sigra mangkat | dhatêng ing Sanggung jujuge | Cina sarêng andulu | dhatêng ing wadyabala Kumpêni |Lebih satu suku kata: dhatêng wadya bala Kumpêni. tan gumingsir atadhah | Kumpêni anêmpuh | arame dènnya ayuda | tan adangu wong Cina lumayu sami | kacandhak pêjah gangsal ||

49. kumpêni lajêng amburu sami | tiyang Cina pan sampun atêbah | datan kandhêg palayune | kandhêg anèng Dilanggu | pambujênge wadya Kumpêni | kumêndhan sampun rarywan | nèng pêkên Dilanggu | sasampunirèng ngalêmpak | wadyabala miwah kang prayayi Jawi | kumêndhan aparentah ||

50. Dilanggu ngriki dipun anciki | lan sakathahe kônca andika | sampuning parentah age | kumêndhan sigra mantuk | apan lajêng malêbèng puri | sapraptaning ngajêngan | kumêndhan gya matur | yèn wong Cina pêjah gangsal | sri narendra kalangkung

--- 29 : 53 ---

lêga ing galih | sang nata angandika ||

51. hèh kumêndhan ingsun benjing-enjing | arsa nayub lan sanak-sanaknya | kang para upêsir kabèh | kumêndhan sigra mundur | saking ngarsanirèng narpati | wus mêdal sing jro pura | sigra dènnya muwus | kumêndhan mring Pringgalaya | yèn sang nata nayub nèng bangsal pangapit | inggih ing dintên benjang ||

180. Ingkang Sinuhun Pakubuwana karsa kasukan nayub kalihan para upsir lan para abdi sadaya. Raja Trênate dhatêng badhe ambantu Kartasura

52. nuntên enjingipun pêpak sami | sagung punggawa ing Kartasura | mantri miwah bupatine | myang santana sadarum | sampun pêpak nèng pôncaniti | lan upêsir sadaya | wus pêpak sadarum | tan antara sri narendra | sigra miyos pinarak bangsal pangapit | wadya lênggah atata ||

53. tansah angrêpa dènnya alinggih | munggwing siti ingkang pra bupatya | munggwing kursi upêsire | pra santana asambung | samya lênggah munggwèng ing kursi | kumêndhan tansah ngarsa- | nira sang aprabu | sigra kang tadhahan mêdal | saking pura wus sumaos ing ngarsaji | dyan sang nata adhahar ||

54. kumêndhan tansah anglêladosi | mring sang nata tansah nadhah sira | miwah upêsire kabèh | parêng panadhahipun |

--- 29 : 54 ---

myang santana sarêng abukti | miwah para bupatya | sarêng nadhah sampun | ri sampun tutug adhahar | sri narendra ambêng wus linorod sami | carikan dinum sira ||

55. wus warata adan sami bukti | wadyalit ingkang munggwing ing wuntat | dhadharan sinaosake | adan sira anayub | datan pêgat kang ponang larih | mubêng atêmu gêlang | bal-ambalan sampun | saha surak atimbalan | munya use abarung gamêlan muni | ngrêrangin piniyarsa ||

56. tan winarna solahira malih | ing anayub kang awuru kathah | wusing tutug panayube | sigra kondur sang prabu | wus umantuk malêbèng puri | sasampuning mangkana | wau kang winuwus | Raja Trênate praptanya | Kartasura ambêkta sarowangnèki | kathahe rowangira ||

57. tiyang satus lamun winatawis | agêng alit dening wadyanira | saha kulambine rante | miwah talakupipun | arêrante sami kinardi | sigra tuwan kumêndhan | malêbèng kadhatun | atur uningèng sang nata | yèn sudara paduka pun komasaris | mangke bantunya prapta ||

58. namanipun bêbantu kang prapti | pun Raja Trênate saha wadya | wontên wong satus kathahe | kawula gadhah atur | yèn marêngi ing karsa aji | ing benjing umiyosa | panggiha sang prabu | lan pun Trênate punika | wus kadhahar kumêndhan aturirèki | dhatêng sri naranata ||

59. anuntên dintên Sênènirèki | sri narendra umijil sing pura | pinarak pagêlarane |

--- 29 : 55 ---

siniwakèng wadyagung | pan amunggwing bangsal pangrawit | pinarak ing dhêdhampar | alêlèmèk babut | kumêndhan akarya gêlar | dènnya lunggwèng sandhap bêbatur pangrawit | kapereng munggwing ngarsa ||

60. Raja Trênate anulya prapti | lajêng kinèn ajawat têtangan | lawan sang nata sirage | anjawat tangan sampun | undurira anulya linggih | jajar lawan kumêndhan | nèng sandhap bêbatur | samya munggwing kursi sira | wadyanira tarab samya munggwing wuri | gya ngunjuk awis samya ||

61. ri sampunnya samya ngunjuk awis | Raja Trênate anulya mojar | mring kumêndhan lon dêlinge | tuwan andika matur | mring sang nata yèn dèn lilani | kawula amakanjar | anèng ngarsa prabu | prapta kawula punika | Kartasura dipun abêna ing jurit | lan mêngsah sri narendra ||

62. punapa saparentah narpati | inggih dhatêng nglampahi kawula | kumêndhan umatur age | dhumatêng sang aprabu | ngaturakên saaturnèki | Trênate wus linilan | ing saaturipun | sigra narik cundrikira | Raja Trênate makanjar ngarsa aji | kathah-kathah sanggupnya ||

63. sasampuning Raja Trênatèki | makanjar nulya sarowangira | Trênate makanjar kabèh | sasampunira tutug | wong Trênate makanjar sami | nulya amêng-amêngan | nira sang aprabu | rare bajang kinasihan | ran pun Thorèng sigra ingatag tumuli | mring nata makanjara ||

64. anambungi Raja Trênatèki | dhasar mêndêm pun Thorèng [Tho...]

--- 29 : 56 ---

[...rèng] saksana | anulya makanjar age | munggwing ngarsa sang prabu | pan akathah solahirèki | langkung suka sang nata | miwah wadya prabu | sami rêmên atumingal | nanging Raja Trênate lingsêm ing galih | de namanira raja ||

65. tinimbangan makanjar bêbayi | ri sampuning tutug akasukan | sang nata kondur sirage | umanjing pura sampun | sira Raja Trênate mulih | mring pamondhokanira | upêsir wus mantuk | mring pondhokan sowang-sowang | sasampuning mangkana ingkang winarni | gantya ingkang kocapa ||

181. Radèn Mas Suryakusuma ngêmpal dados satunggal kalihan Prabu Kuning, lajêng kaparingan jêjuluk Pangeran Prangwadana

66. warnanên Dyan Suryakusumèki | kesahira saking Kartasura | kèndêl ing Laroh lamine | dahat èmêng tyasipun | arsa mantuk dhatêng nagari | Kartasura pan merang | lawan ajrihipun | tambuh ingkang dèn antosa | dadya tansah amêpak kang wadya alit | kinudang ing ayuda ||

67. wus kawarta saking Randhukori | lamun Rahadèn Suryakusuma | anèng ing Laroh ênggène | apan tan sagêd mantuk | dhatêng nagri Kartasurèki | èwêde manahira | mila kèndêlipun | samana ingkang pawarta | sampun katur dhatêng Susunan Garêndi | kang anèng Randhulawang ||

--- 29 : 57 ---

68. sigra wau kinèn animbali | duta mêsat praptèng Laroh sira | sampun dhawuh timbalane | Dyan Suryakusumèku | duk samana pan sampun kèrid | mring duta Randhulawang | sarêng praptanipun | agya nulya tinimbalan | wus apanggih lawan Susunan Garêndi | kalangkung kinasihan ||

69. samana sampun jinunjung linggih | Radèn Suryakusuma anama | Pangeran Prangwadanane | sarta sinungan dhusun | Nglaroh gawèn wong kawan biting | Pangeran Prangwadana | apan wus alungguh | santana nèng Randhulawang | kawarnaa wong Cina kang sami baris | majêng mring Kadrêsanan ||

70. lawan sakathahe wong Matawis | lan anunggil baris lan wong Cina | myang sakathah wong Pagêlèn | apan sampun akumpul | nunggil baris lan wong Cinèki | antawis kalih dina | majêng barisipun | ing Karècèk binitingan | jinagangan saha borang datan kari | wau kang kawarnaa ||

71. kang abaris ing Sanggung siraglis | Ki Wirarêja atur uninga | dhatêng kumêndhan sirage | yèn mêngsah Cina maju | nèng Karècèk gènnya bêbiting | pinalang lampahira | kang sapalih kantun | maksih anèng Kadrêsanan | tuwan kumêndhan sigra dènira angling | mring kang atur uninga ||

72. hèh duta sira balia aglis | lah iya sira pêpoyanana | si bapak Wirarêjane | myang Pangeran Madiun | lamun ingsun mangkat tumuli | iya sawurinira | duta mêsat sampun | kumêndhan sigra umangkat | saha wadyabala

--- 29 : 58 ---

Kumpêni dèn irid | pukul satu angkatnya ||

73. ing Karècèk kang arsa ginitik | mêngsah Cina kang abaris sira | abêbiting nèng Karècèk | ika arsa pinukul | pan ginêlak lampahirèki | ing wayah pukul gangsal | prapta ing Dilanggu | aso ngrèrèhakên lampah | sarta ngantos rencang ingkang samya kari | saha ngrakit barisnya ||

74. sawusira ngalêmpak anuli | kumêndhan mangkat sabalanira | saha prayitna lampahe | gya prapta lampahipun | ing Karècèk waktu mahêrib | tan kandhêg lampahira | wong Cina andulu | yèn Kumpêni ingkang prapta | sêdya ngrangsang sigra Cina ambêdhili | Kumpêni malês sigra ||

75. angêdrèl pamalêsira bêdhil | nanging wong Cina maksih apanggah | dèrèng gumingsir yudane | dening Kumpêni purun | dahat mêksa angrangsang biting | tan kandhêg binêdhilan | ing pangrangsangipun | Cina miris manahira | tan antara sadaya lumaywa sami | wayahnya bakda ngisa ||

76. bitinging Cina wus dèn lêbêti | mring Kumpêni pan sami raharja | Kumpêni wau yudane | dene ingkang lumayu | mêngsah Cina sampun atêbih | tan wontên kang kacandhak | kumêndhan amuwus | mring Pangran Madiun sira | hèh Pangeran Dipa nèng Karècèk ngriki | lan sakônca andika ||

77. ri sampuning parentah siraglis | kumêndhan sigra mantuk saksana | wus praptèng Kartasurane | wau ingkang winuwus | wau Radèn Endranatèki | ingkang baris [ba...]

--- 29 : 59 ---

[...ris] ing Sêlap | dènnya ngirup-irup | sangsaya wiyar samana | wus kawarta wau saking Randhukori | anulya linurugan ||

78. mring wong Cina saking Randhukori | praptèng Sêlap wong Cina gya pêrang | lan Radèn Endranatane | ya ta kawon prangipun | sira Radèn Endranatèki | wus katur ing sang nata | yèn kawon prangipun | sira Radèn Endranata | sri narendra parentah kinèn bantoni | dening ingkang tinêdah ||

79. kang anama Rahadèn Dipati | Suradiningrat ing Pranaraga | lan Radèn Sumaningrate | ika kang kinèn bantu | maring Radèn Endranatèki | lampahe sampun mangkat | praptèng Sêlap sampun | panggih lan Dyan Endranata | ya ta Radèn Suradiningrat sigrangling | pagujêngan kewala ||

80. mring sira Radèn Endranatèki | lah paman kadipundi punika | sanak Pajang Matarame | de tan wontên puniku | bobotipun mênggah ing jurit | ya ta Dyan Endranata | aris sauripun | lah radèn kadi punapa | watêk sawung makatên yèn dèrèng pulih | malih ing manahira ||

81. Radèn Suradiningrat sirangling | yèn puruna sami sêsanakan | kalih wong Pranaragane | inggih watawisipun | katularan akêndêl sami | Rahadèn Endranata | amangsuli wuwus | inggih ing benjang kawula | atut wingking kewala wontên ing wingking | nanging Dyan Endranata ||

82. ing tyasira dahat dènnya sakit | nanging dyan dipati [dipa...]

--- 29 : 60 ---

[...ti] praptanira | desa ing Sêlap siringe | kaprênah êlèripun | sakidule ing Bayalali | panggihe lawan sira | Dyan Endranatèku | sasampune rêrêmbagan | dyan dipati anulya majêng tumuli | abaris anèng Sêlap ||

83. sampun anêlukakên siraglis | amacak mantri bêbêkêl desa | ingkang apênêd damêle | kalih wêlas kèhipun | mantri pêpacakanirèki | samana wus kawarta | saking Randhupintu | yèn agêng barising Sêlap | anulya tiyang Cina sami kinêrig | miwah tiyang Mataram ||

84. binantokakên sira tumuli | dhatêng barise Ki Nilasraba | kalawan Katawêngane | radèn dipati sampun | lawan Endranatatur uning | dhatêng tuwan kumêndhan | lamun barisipun | Nilasraba katawêngan | binantonan tiyang Cina tigang biting | badhe gitik punika ||

85. dhatêng saudara tuwan nênggih | Radèn Dipati Suradiningrat | kumêndhan wau dêlinge | sêdhêng bobote iku | iya mungguh radèn dipati | amungsuha wong Cina | yèn mung têlung atus | ana yèn luwihanea | têka Cina têlung atus iku pasthi | Kumpêni kang gitika ||

86. lah uwis duta balia aglis | amung tabeningwang têkakêna | mring radèn dipati mangke | lawan pakirim ingsun | pan janèwêr iki rong kopi | wolung botol anggurnya | aturêna iku | iya maring gustinira | sigra mêsat duta lampahira prapti | pabarisan [pa...]

--- 29 : 61 ---

[...barisan] ing Sêlap ||

87. sampun katur tabenira nênggih | kumêndhan lawan pakirimira | dhatêng radèn dipatine | tan kawarna ing dalu | enjingira Cina dhatêngi | anggitik baris Sêlap | arame prangipun | bêdhil-binêdhil lêt jurang | tiyang Pamagêtan panggah ing ajurit | Cina mudhun ing jurang ||

88. sêdyanira pan angrangsang wani | saha tan kèndêl pambêdhilira | wong Pamagêtan sakèhe | dènnya nadhahi kukuh | pamalêse dènnya bêdhili | bêdhil-binêdhil samya | arame prangipun | apan wus karsaning Allah | sira Radèn Sumaningrat kêna mimis | jaja kang kaprajaya ||

89. nanging datan têtês kang ing jawi | ing jro rahadyan raos aprana | radèn sumingêb panone | sigra dènnya umundur | samya miris tyasing prajurit | wong Magêtan sadaya | wus samya umundur | sira Radèn Sumaningrat | saundure tiba saking kudanèki | pan lajêng pêjahira ||

90. sagung prajurit ing Pranaragi | saundure wadya Pamagêtan | myang Sumaningrat pêjahe | sadaya sampun larut | palajêngnya arêbut dhingin | wong Cina pambujêngnya | ing sêmu angêsuk | kongsi dhatêng Majasanga | kèndêlira Rahadèn Endranatèki | lajêng ngungsi nagara ||

91. lajêng sami angaturi uning | kalamun Dyan Sumaningrat pêjah | ri sampun katur sang rajèng | sigra dyan dipatya wus | tinimbalan dera narpati | kinèn sira barisa | anèng ing margagung | tunggila Ki Wirarêja | lan Jayawikrama [Jaya...]

--- 29 : 62 ---

[...wikrama] dadosa pangarsi | sigra Radèn Dipatya ||

92. Suradiningrat ing Pranaragi | wus umangkat saha wadyanira | praptèng Dilanggu lampahe | nulya ambanjêl gupuh | Kadrêsanan kang dipun gitik | aprang lan wong Mataram | pan sampun acampuh | bêdhil-binêdhil prangira | nulya wong Mataram dipun idak wani | dhatêng wong Pranaraga ||

93. ingidak purun lawan turanggi | giris manahira wong Mataram | anulya lumajêng kabèh | dhatêng ing Ingas wau | palayunya tiyang Matawis | dening wong Pranaraga | pambujêngnya ngêsuk | praptèng Ingas mogok samya | wong Mataram tinindhihan prangirèki | dhatêng wong Kaselongan ||

94. anulya prang panggih sami wani | wong Mataram lan môncanagara | kongsi angabên waose | dahat rame prangipun | wong Mataram kèh nandhang kanin | nulya têtiyang Cina | saking kilèn nêmpuh | adrêsing pambêdhilira | dadya wong Pranaraga kuwur ing galih | nulya samya lumajar ||

95. lajêng binuru palajêngnèki | wong Pranaraga praptèng Drêsanan | wong Mataram pamburune | ing Wôngga dènnya wangsul | myang wong Cina wus samya bali | wangsul malih mring Ingas | dening kang binuru | têtiyang ing Pranaraga | sampun wangsul dhatêng dhusun ing Awanggi | lawan sakancanira ||

96. wus sami tata barisirèki | anulya sami arêrêmbagan | lan prayayi sakancane | wong môncanagarèku | pan mangkana rêmbagirèki |

--- 29 : 63 ---

yèn kang mêngsah dhatênga | gya sami tinêmpuh | ing Ingas kalawan kuda | sarêng nandêr wus rêmbag sagung prayayi | môncanagri sadaya ||

97. nanging kala kawon prangirèki | wong môncanagara saking Ingas | Jawikrama pêrang dhewe | linambung kawonipun | dhatêng Pangran Prangwadanèki | ênggènira apêrang | dhusun Jagatamu | Jawikrama nandhang brana | pêpoloke palajêngira anunggil | mring wong môncanagara ||

98. pambujungira sampun abali | Pangran Prangwadana wus anunggal | dhatêng wong Mataram malèh | wau ingkang winuwus | sira Radèn Endranatèki | winangsulakên sigra | mring panggenanipun | taksih sinungan wêwênang | karya mantri bêbêkêl wadya lit-alit | kang pênêd damêlira ||

99. wus umangkat Dyan Endranatèki | amangsuli ing pakaryanira | arsa amacak barise | lampahnya dèrèng purun | yèn wangsula ing Sêlap malih | kèndêl ing Sudimara | gènira kêkuwu | wus apacak barisira | sarya sira tan pêgat mêmacak mantri | mring sakwèh bêkêl desa ||

100. kang samya pênêd karyanirèki | sami pinacak mantri sadaya | kunêng kang winuwus malèh | kang baris margi agung | mondhok salèr jurang ing Wanggi | Radèn Suradiningrat | ing Pranaragèku | dalu tinukup barisnya | mring wong Cina asangêt dipun bêdhili | tiyang môncanagara ||

--- 29 : 64 ---

182. Raja Trênate dipun ajêngakên dhajêngdhatêng. paprangan

101. kagèt kewala lumajêng sami | palayune wong môncanagara | kathah tilar dandanane | lumajêng dhatêng Sanggung | wontêndene tiyang Matawis | lawan têtiyang Cina | lajêng lampahipun | abaris wontên Drêsanan | abêbiting jagang borang dèn kandêli | wau kang kawarnaa ||

102. kang anama Rahadèn Dipati | Suraridiningrat ing Pranaraga |Lebih satu suku kata: Suradiningrat ing Pranaraga. anèng ing Sanggung barise | kanthinira nèng Sanggung | kang anama Kya Rajaniti | antawis kawan dina | anulya tinukup | malih dhatêng tiyang Cina | dahat kuwur wadya ing môncanagari | kathah tilar dandanan ||

103. palayunyakèh tilar turanggi | ana nunggang kuda lêlagaran | dhasar wus têlas manahe | kinawuskên tinukup | dadya ngetan palayunèki | lawan sakancanira | ing Picis jinujug | gènira sami anabrang | lajêng mantuk dhatêng nagri Pranaragi | myang wong môncanagara ||

104. sadaya samya umantuk sami | dhatêng nagaranya sowang-sowasowang-sowang. | kantun Ki Rajanitine | kang têngga wontên Sanggung | nulya sira Ki Rajaniti | angaturi uninga | maring sang aprabu | yèn wadya môncanagara | sampun têlas sadaya pan sami mulih | miwah wong Pranaraga ||

105. dupi konjuk dènnyatur upêksi | yèn morod wadya môncanagara | sang nata kagyat galihe | sigra kumêndhan sampun |

--- 29 : 65 ---

tinimbalan malêbèng puri | sapraptanirèng ngarsa | sang natangling arum | hèh kumêndhan kaya ngapa | salungane wong môncanagara iki | kumêndhan aturira ||

106. asmu lingsêm ing tyas aturnèki | kumêndhan dhatêng sri naranata | sawab dening Kumpênine | dening botên atulung | dhatêng wadya môncanagari | kongsi atêmah kesah | mila lingsêmipun | mangkana ing aturira | inggih sampun susah galih padukaji | dening mêngsah punika ||

107. inggih paduka ing benjing-enjing | mêngsah wontên Drêsanan punika | inggih kawula larage | anuntên amit mêtu | kumêndhan sing sajroning puri | sapraptanirèng jaba | pêparentah sampun | kumêndhan maring upsirnya | lamun arsa dhatêng Kadrêsanan benjing | samana sontênira ||

108. Raja Trênate dipun aturi | mring kumêndhan ing sapraptanira | lan Radèn Pringgalayane | wau sarêngnya rawuh | anèng loji wus tata linggih | kalih wus winartanan | mring kumêndhan wau | mangkana pitêmbungira | manirarsa anglarag ing benjing-enjing | dhatêng ing Kadrêsanan ||

109. dene andika ing benjing-enjing | Raja Trênate kawula bêkta | Raja Trênate ature | inggih tuwan kalangkung | manah kula suka ing mangkin | dika bêkta anglarag | kaabên lan mungsuh | kawula kalangkung merang | yèn nganggura amung katrimaa ugi | padamêlan manira ||

110. inggih dhatêng ing sri narapati | miwah dhatêng Kumpêni punika | pan wus kula sêdyakake | prang lan mungsuh sang

--- 29 : 66 ---

prabu | enjing nuli adandan sami | sayaga ing ayuda | Raja Trênatèku | miwah saha wadyanira | samya ngrasuk bajo kêre rante wêsi | talakup rante sira ||

111. sarya asikêp sinapan sami | wong Trênate myang Kumpêni sira | sampuning sadhiya kabèh | sigra umangkat sampun | Radèn Pringgalaya tan kari | myang Rôngga Wanèngjiwa | ingkang atut pungkur | datan kawarna ing marga | lampahira ing Karècèk sampun prapti | kèndêl atata bala ||

112. sarta ngantosi rencang kang kari | nuntên Raja Trênate samana | angariyini lampahe | dening ta kajêngipun | arsa anêmpuha kariyin | kumêndhan sangêt ngampah | lah sampun karuhun | sêdyandika lumampaha | mring Drêsanan andika sarênga mangkin | lawan Kumpêni kathah ||

113. pan amêksa Raja Trênatyangling | inggih kumêndhan ing lampah kula | pan arsa uninga bae | ing panggenaning mungsuh | sigra mangkat angariyini | lan wadyanya piyambak | Raja Trênate wus | praptèng ngajêng pabitingan | lampahira sarêng mêngsahira uning | yèn wong Trênate prapta ||

114. sigra ambêndhe anata baris | kang nôngka pangajênging yuda |Kurang satu suku kata: kang minôngka pangajênging yuda. Pangeran Prangwadanane | sampun angêgar payung | apan jêne songsongirèki | sarta natab tabuhan- | nira carawangsul | sigra majêng sinongsongan | sarya angling lah bocah payo ywa gingsir | tinêmpuh iki padha ||

115. sun ayonane Trênate [Trêna...]

--- 29 : 67 ---

[...te] iki | anadene rajane lan ingwang | apan wus sêdhêng bobote | aywana sira mundur | dene Raja Trênate nênggih | pan sarwi pinayungan | ing pambajêngipun | saruni kêndhang gongira | kang tinabuh anulya bêdhil-binêdhil | rame dènira aprang ||

116. adangu datan wontên kalindhih | anuntên Raja Trênate sigra | nêmpuh lawan sawadyane | ingkang sami talakup | rante wêsi akêre wêsi | wadyanira Pangeran | Prangwadana tangguh | anadhahi ing ayuda | wong Trênate nêmpuh rukêt prangirèki | bêdhil-binêdhil samya ||

117. ya ta wadyane pangeran kêni | sinanjata kêkalih wus pêjah | kang kantun lumajêng kabèh | datan amôngga wangsul | ngajêngakên malih tan kêni | Pangeran Prangwadana | kantun kalih payung | anulya mundur saksana | Pangeran Prangwadana binujung malih | kacandhak songsongira ||

118. sigra têtiyang Cina nangkêbi | tiyang Mataram kang saking wetan | sigra ambêdhili age | mring Raja Trênateku | datan anggop dènnya bêdhili | wong Cina wong Mataram | mring wong Trênateku | Raja Trênate wadyanya | kathah pêjah dadya wong Trênate sami | mudhun saking turôngga ||

119. dadya sami ampingan turanggi | wanèh ampingan ing kajêng jarak | mung kantun rajane bae | ingkang taksih amanggung | anèng saluhuring turanggi | nulya kudane kêna | rajanipun tatu | kêna ing mimis wong Cina | kêkempole Raja Trênate kang kanin |

--- 29 : 68 ---

kang amayungi pêjah ||

120. baris Mataram sêdya nungkêbi | saking wetan Kumpêni gya prapta | atulung Raja Trênate | arame dènnya campuh | aprang bêdhil-binêdhil sami | Kumpêni saya kathah | ingkang sami rawuh | wong Cina datan kawawa | anadhahi saking drês bêdhil Kumpêni | dhadhal samya lumaywa ||

121. miwah wong Mataram sampun gusis | wong Cina binujêng palayunya | wong Kumpêni pamburune | kandhêg dhusun Kalêpu | tan adangu wus wangsul sami | wong Cina kang kacandhak | pan pêjah pêpitu | ingkang kabranan akathah | tiyang Kumpêni wangsul pêjah satunggil | sapraptaning Drêsanan ||

122. nuntên bitingipun dèn bubrahi | miwah pondhokipun ingobongan | kang anèng Kadrêsanane | Kumpêni sigra nambur | ngumpulakên wadyanirèki | sarta apêparentah | mundhut sikêp sampun | nênggih kang badhe ambêkta | ing jisime Trênate miwah wong Bali | Kumpêni sigra budhal ||

123. mantuk dhatêng ing Kartasurèki | amung Kyai Rôngga Wanèngjiwa | anyimpang kala angkate | saking ing margi agung | pan angilèn panimpangnèki | kala nèng bumi Wôngga | ing panimpangipun | sêdya ngampiri dhusunnya | Kyai Rôngga ing margi anyimpang malih | ing Sumbêr kabobotan ||

124. praptèng Sumbêr anulya amanggih | mêngsah umpêtan amung satunggal | maksih gêgaman bêdhile | sêdya arsa tinubruk | mring Ki Rôngga kêbatirèki | anulya ananjata |

--- 29 : 69 ---

kang arsa tinubruk | apan ta sambil lumaywa | Kyai Rôngga Wanèngjiwa ingkang kêni | cêcêkoknya gya niba ||

125. kang ambêdhil duk kala kapanggih | lan Ki Rôngga pan ampungan pandhan | mangkya wus lumayu age | ingkang ambêdhil wau | Kyai Rôngga gumuling siti | sakèhe rowangira | tan purun amburu | dhatêng ingkang ananjata | amung pijêr ngrêbat bêndaranirèki | sarya atur uninga ||

126. dhatêng ing Radèn Pringgalayèki | yèn Ki Rôngga Wanèngjiwa pêjah | radyan sangêt gêgêtune | miwah kumêndhan wau | inggih sangêt pangungunnèki | Rôngga sampun binêkta | dhatêng rencangipun | sapraptaning Kartasura | sigra tuwan kumêndhan manjing jro puri | atur uningèng nata ||

127. yèn lampahira mênang ajurit | anggitik mêngsah kang nèng Drêsanan | wong Cina myang wong Jawane | Cina pêjah pêpitu | kang akanin pan kathah malih | lan kudanya pun Raja | Trênate atatu | dene Raja Trênatenya | kenging mimis kêkempolira kang kêni | wontêndene rencangnya ||

128. têtiga kathahipun kang mati | ingkang tatu kathahipun gangsal | pun Rôngga Wanèngjiwane | punika ingkang lampus | nanging kala pêjahirèki | kancanipun sadaya | datan wontên wêruh | pawartine rencangira | mêngsah dhêlik punika kang dèn purugi | arsa dipun cêkêla ||

129. mila angriyini pan ambêdhil | punika marginipun ing pêjah | sang nata pangandikane | iya tarimaningsun |

--- 29 : 70 ---

wus samono untunge ugi | tutuge umurira | balik tanya ingsun | kaya ngapa kang wong Cina | apa bangêt kawuse duk sira gitik | kumêndhan aturira ||

130. kados botên purun wangsul malih | dhatêng panggenanipun punika | sang nata pangandikane | kumêndhan karsanipun | prakara Si Wanèngjiwèki | anake gêntèkêna | lamun maksih timur | anake kang gumantia | sadulure ingkang nglakonana dhingin | kumêndhan amit mêdal ||

131. praptèng jawi kumêndhan sigrangling | awarta dhatêng Dyan Pringgalaya | dening prakara patine | Rôngga Wanèngjiwèku | karsanira sri narapati | sutanya gêntosêna | yèn tan darbe sunu | utawa suta alita | sadulure jalêr kinèn anggêntosi | Dyan Pringgalaya rêmbag ||

132. mila rêmbag Dyan Pringgalayèki | yèn sadhèrèk ingkang dinamêla | dening wrating damêl mangke | kumêndhan dhatêng rêmbug | nuntên enjingipun anuli | Raja Trênate prapta | ing loji lon muwus | dhatêng ing tuwan kumêndhan | wuwusira kumêndhan kula puniki | arsa nuwun turôngga ||

133. inggih dhumatêng sri narapati | yèn kenginga kang kawula têdha | kagunganira sang rajèng | ingkang aulês dhawuk | mila kula nuhun turanggi | de kapal kula pêjah | kumêndhan agupuh | mêlingakên Kya Tohjaya | sapraptane akinèn munjuk narpati | yèn pun Trênate Raja ||

134. anuhun kuda dhatêng narpati | kuda pun Ganggong ingkang tinêdha |

--- 29 : 71 ---

Tohjaya manjing purage | umatur ing sang prabu | yèn pun Raja Trênate ugi | anuhun kuda nata | pun Ganggong ranipun | wus sinungakên saksana | kuda pun Ganggong binêkta mêdal aglis | dhumatêng Ki Tohjaya ||

135. wus pinatêdhakakên tumuli | mring Raja Trênate tinampanan | pun Ganggong Raja Trênate | langkung panuwunipun | sarta bungah ing tyas angênting | sampun binêkta mêdal | dhatêng pondhokipun | nuntên sontên tinêgaran | enjingipun nuntên binêkta tumuli | mêmain dhatêng pasar ||

136. datan kèndêl dènnya amêmain | pun Ganggong ingkang tansah binêkta | kongsi dhumatêng kurune | dupi pun Ganggong kuru | nuntên sira anuhun malih | kuda dhatêng sang nata | Raja Trênateku | pun Wagugên kang tinêdha | dening pun GanggoGanggong. ingaturakên malih | dhumatêng sri narendra ||

137. pun Wagugên pinaringkên aglis | mring Raja Trênate tinampanan | sapraptane ing pondhoke | inggih kadya rumuhun | tan kèndêl binêkta mêmain | nuntên enggal kurunya | pun Wagugên wau | sarêng pun Wagugên kêra | nuntên pun Raja Trênate dhatêng loji | mojar dhatêng kumêndhan ||

138. tuwan matura dhatêng narpati | pun Ganggong malih kawula têdha | pun Abrit konjuka malèh | kumêndhan asmu rêngu | saurira manira ajrih | manawi winastanan | tiyang datan urus | lan malih kangjêng susunan | inggih punapa andika rêngkuh kusir | raja kèndêl kewala ||

139. nanging asêmu [a...]

--- 29 : 72 ---

[...sêmu] lingsêm ing batin | dupi antawis ing pitung dina | anuntên Raja Trênate | mring loji karsanipun | pamit mantuk dhatêng Samawis | kumêndhan datan suka | lair ing pitêmbung | nanging batin langkung lêga | ing tyasira kumêndhan aris dènnyangling | yèn tuwan raja dika ||

140. arsa umantuk dhatêng Samawis | kula rumiyin atur uninga | mring tuwan komasarise | kula pan botên purun | yèn ta dèrèng ngaturi uning | mring komasaris ingwang | nuntên enjingipun | kumêndhan wus aputusan | atur surat dhumatêng ing komasaris | angaturi uninga ||

141. nuntên komasaris amangsuli | sêrat mring kumêndhan yèn linilan | Raja Trênate antuke | nanging tilara batur | sadhatênging surat anuli | Raja Trênate sigra | ingundhang wus rawuh | ing loji nulya winartan | yèn komasaris mangke akintun tulis | linilan mantuk dika ||

142. parentahe tuwan komasaris | andika kinèn tilar kapitan | lan rencang saprayogane | kapan andika mantuk | gèn umangkat saking ing ngriki | Raja Trênate mojar | inggih êmbènipun | nuntên kumêndhan saksana | parentah maring Radèn Pringgalayèki | kinèn saosa tundhan ||

143. ngaturakên Raja Trênateki | mantuk dhatêng nagri ing Samarang | kumêndhan manjing purage | atur uningèng prabu | lamun Raja Trênate mangkin | ingundhang mantuk sira | mring sudara prabu | komasaris mring Samarang | sri narendra pangandikanira aris |

--- 29 : 73 ---

kapan ênggone mangkat ||

144. kumêndhan aris aturirèki | inggih benjing êmbèn dènnya mangkat | sang nata pangandikane | iya kumêndhan sukur | ana kene mundhak ngrusuhi | sigra kumêndhan mêdal | sing dalêm kadhatun | sampuning praptèng ubaya | Raja Trênate sigra mangkat tumuli | mantuk dhatêng Samarang ||

145. kang tinilar kapitanirèki | lan rowangnya wontên tigang dasa | sami têtiyang Trênate | kang sami tumut kantun | kawarnaa Kya Rajaniti | ingkang atêngga marga | abaris ing Sanggung | lan sarencange piyambak | sabên dalu kesah ajrih bokmanawi | tinukup ing wong Cina ||

146. yèn raina wangsul ngênggènnèki | anèng Sanggung lamun dalu kesah | datan kantênan ênggène | wau ingkang winuwus | tiyang Cina ingkang abaris | anèng ing Kadrêsanan | sangsaya gêngipun | myang sakèhe wong Mataram | pan kinêrig dening pangagêngirèki | nama Jayawinata ||

147. miwah wong Pagêlèn wus anunggil | mring wong Cina baris Kadrêsanan | samya dèn gêngkên manahe | de kiwa têngênipun | desa Kuwêl Koripan sami | binahakan sadaya | marang wong Matarum | myang wong Pagêlèn ambahak | wontêndene Dyan Arya Pringgalayèki | langkung rudatinira ||

148. ingkang dados rudatining galih | amung Kumpêni ing têdhanira | asusah sangêt galihe | Radèn Pringgalayèku | datan pêgat sira apikir | nênggih lawan kumêndhan | amung [a...]

--- 29 : 74 ---

[...mung] kang tinutur | rahadèn dhatêng kumêndhan | amung rêpoting wadya kang angladosi | Kumpêni têdhanira ||

149. ingkang dados repotipun dening | tan tinêngga ing sikêp satunggal | sakèhe kang nandhang gawe | yèn tan wontên puniku | kang barisan Kumpêni mangkin | tuwan kadi punapa | ing satêmahipun | nanging kumêndhan samana | asmu lingsêm sawab lami tan nulungi | kumêndhan saurira ||

150. nadyan kula gitika ing benjing | ing Drêsanan ing kajêng kawula | inggih kula lajêngake | dhatêng nagri Matarum | sampun tanggêl ing lampah benjing | nanging ujaring warta | margane pakewuh | puniku radèn andika | utusana andhustha mariksèng margi | wruha kang èwêd gampang ||

151. dening wartine langkung asungil | margi agêng ingkang binarisan | sami sinung piluwange | malah jro luwangipun | sami sinung borang alungid | puniku dèn waspada | kang andika utus | Dyan Pringgalaya asagah | ri sampuning tutug dènnya rêmbag pikir | anulya sami bubar ||

152. sami mantuk mring pondhokirèki | ya ta wau ingkang kawarnaa | kang atêngga dalan gêdhe | ingkang baris ing Sanggung | Kyai Rajaniti asakit | konjuk dhatêng sang nata | wus kalilan mantuk | dhumatêng ing Kartasura | Rajaniti tan lami lajêng ngêmasi | pêjah nèng Kartasura ||

153. sutanira wus kinèn gêntosi | ingkang anama Suramênggala | têngga margi agêng malèh | baris wontên ing

--- 29 : 75 ---

Sanggung | sarta namanira ngilaihingalih. | anggêntyanana bapa | jêjuluk Tumênggung | Rajaniti namanira | sampun têtêp dènira atêngga margi | nanging datan alama ||

154. ya ta nuntên ana duta prapti | saka pabarisan Kadrêsanan | kang darbe duta wastane | Ki Kartilêksanèku | kalih Ki Wôngsanagarèki | dene ingkang dinuta | nênggih sutanipun | nama pun Saju punika | kala alit aprapta amawi tulis | katur Dyan Pringgalaya ||

155. tinupiksa ungêling kang tulis | yèn prayayi kêkalih punika | sêdya abêkti wiyose | dhumatêng sang aprabu | lawan tundhuk dhatêng Kumpêni | inggih yèn kalilana | nuntên sowanipun | sampuning sêrat winaca | nuntên ponang duta binêkta ing loji | pinarcayakkên sira ||

156. mring kumêndhan saha saungêling | surat sampun tinutur sadaya | kumêndhan langkung sukane | myang pakèwêd dêlanggung | sadaya wus tinutur sami | nguningakkên sadaya | myang kathahing musuh | Cina kalawan wong Jawa | sigra angling kumêndhan mring duta aglis | mangkana têmbungira ||

157. lah iya sira muliha aglis | nyatakêna karêpe wong Cina | lan wêwêkas ingsun manèh | Ki Wôngsanagarèku | miwah Kartilêksana iki | yèn sayêkti anêdya | bêkti ing sang prabu | iya kapan gène mangkat | karuhane ênggon manira anuding | mapag mring Kadrêsanan ||

158. sarta Dyan Pringgalaya wêwêling | mring duta ingkang arsa umangkat | lah pêpoyanana [pêpo...]

--- 29 : 76 ---

[...yanana] bae | pan Wôngsanagarèku | myang ing Kartilêksana iki | yèn sayêkti lulusa | bêkti ing sang prabu | iya pakênira kona | antuk warta kang êning katur narpati | ponang duta gya mêsat ||

159. saungkure duta bubar sami | sakwèh kang anèng loji samana | sami mantuk mring wismane | antawis kalih dalu | ponang duta wus prapta malih | dhatêng Kapringgalayan | wau kang jinujug | anuntên sira binêkta | dening Radèn Pringgalaya mring jro loji | pinriksa aturira ||

160. aturira ponang duta aris | yèn marêngi lêga galih tuwan | ing benjang-enjang angkate | pun Wôngsanagarèku | lan pun Kartilêksana inggih | angkatnya sing Drêsanan | inggih milanipun | sapunika bokmanawa | kasêlak kapiyarsa tiyang Matawis | ajrihipun kalintang ||

161. Radèn Pringgalaya angrêmbagi | yèn makatên tuwan gih kawula | lêng pinrih enggal dhatênge | ecaa manahipun | benjing-enjing kula aturi | tuwan aputusana | mêthuk lampahipun | inggih pun Wôngsanagara | Kartilêksana yèn tuwan angrêmbagi | tuwan atura wikan ||

162. inggih dhatêng sêri narapati | darapon ecaa tyas narendra | kumêndhan anulya age | amêlingakên sampun | maring Ki Tohjaya wus prapti | lawan Ki Naladirja | cinanthelan atur | dhumatêng tuwan kumêndhan | lamun arsa kumêndhan lumêbèng puri | angaturi uninga ||

163. Ki Tohjaya wus malêbèng [malê...]

--- 29 : 77 ---

[...bèng] puri | praptèng ngarsa nata matur sira | ngaturakên saature | kumêndhan sampun katur | nulya tinimbalan tumuli | kumêndhan manjing pura | praptèng ngarsa prabu | nulya ngaturi uninga | tuwan kumêndan dhatêng sri narapati | yèn wontên mêngsah nata ||

164. sumêdya bêkti sri narapati | wastanipun pan Kartilêksana | lan pun Wôngsanagarane | atur kula sang prabu | yèn marêngi lêga tyas aji | benjang punika arsa | kawula kèn mêthuk | pangandikaning narendra | iya bênêr kapitan karêpirèki | iku papagên enggal ||

165. Malar Kapitan iku ing benjing | iya dadia panutanira | maring kang wong akèh-akèh | kumêndhan amit sampun | mêdal saking ing dalêm puri | wus panggih lawan sira | Dyan Pringgalayèku | kumêndhan aris wuwusnya | inggih radèn sampun kalilan ing mangkin | dhumatêng sri narendra ||

166. kula kinèn mêthuk dintên benjing | dhatêng praptane Wôngsanagara | lan Ki Kartilêksanane | duta tinundhung mantuk | wus winêling dènya ubagiubanggi. | benjing pukul sawêlas | poma konên mêtu | iya saka pabitingan | dene kang amapag ênggone anganti | Karècèk kidulira ||

167. ri sampuning têlas kang pawêling | duta mêsat saking Kartasura | wus praptèng Kadrêsanane | anuntên enjingipun | kang amêthuk umangkat sami | ing Karècèk wus prapta | nganti kidulipun | wau Ki Wôngsanagara | lan Ki Kartilêksana sampun atampi |

--- 29 : 78 ---

wêling saking dutanya ||

168. mila ing pukul sawêlas aglis | sami mijil saking pabitingan | kabêkta sadandanane | Ki Wôngsanagarèku | lan Ki Kartilêksana sami | lan Sutanya Ki Wôngsa | nagara pun Sajung | katiga wus samya mêdal | nanging pun Sajung lampahnya ngariyini | kang mêthuk pinanggihan ||

169. sampun panggih pun Sajung nulyangling | punika inggih rama andika | kalih pun paman sarênge | pan Kartilêksanèku | sarêngira wau umijil | tan adangu gya prapta | Kartilêksanèku | lawan Ki Wôngsanagara | sasampune panggih lan kang mêthuk sami | nuntên lajêng umangkat ||

Lajêng nyandhak jilid: 30.

--- 29 : [0] ---

Isinipun

176. Ingkang Sinuhun Pakubuwana ngadhaton malih wontên ing Kartasura. (Asmaradana). ... kaca 12

177. Radèn Pringgalaya kadhawuhan anyirnakatênanyirnakakên. mêngsah Cina ingkang pacak baris wontên ing Ngayoja. (Asmaradana, Pangkur). ... kaca 25

178. Lêlampahanipun Radèn Mas Suryakusuma ingkang pawingkingipun ajêjuluk Pangeran Adipati Arya Mangkunagara. (Pangkur). ... kaca 35

179. Prabu Kuning pacak baris wontên ing Randhulawang. Pangeran Buminata lolos saking nagari Kartasura. (Pangkur, Dhandhanggula). ... kaca 41

180. Ingkang Sinuhun Pakubuwana karsa kasukan nayub kalihan para upsir lan para abdi sadaya. Raja Trênate dhatêng badhe ambiyantu Kartasura. (Dhandhanggula). ... kaca 53

--- 29 : [0] ---

181. Radèn Mas Suryakusuma ngêmpal dados satunggal kalihan Prabu Kuning, lajêng kaparingan jêjuluk Pangeran Prangwadana. (Dhandhanggula). ... kaca 56

182. Raja Trênate dipun ajêngakên dhatêng paprangan. (Dhandhanggula). ... kaca 64