Sastra Jawa

Program Digitalisasi Sastra Daerah

  • Increase font size
  • Default font size
  • Decrease font size

Babad Tanah Jawi, Balai Pustaka, 1939-41, #1024 (Jilid 30)

Katalog:Babad Tanah Jawi, Balai Pustaka, 1939-41, #1024
Sambung:
1.Babad Tanah Jawi, Balai Pustaka, 1939-41, #1024 (Jilid 01). Kisah, Cerita dan Kronikal | Babad Tanah Jawi #1010.
2.Babad Tanah Jawi, Balai Pustaka, 1939-41, #1024 (Jilid 02). Kisah, Cerita dan Kronikal | Babad Tanah Jawi #1011.
3.Babad Tanah Jawi, Balai Pustaka, 1939-41, #1024 (Jilid 03). Kisah, Cerita dan Kronikal | Babad Tanah Jawi #1012.
4.Babad Tanah Jawi, Balai Pustaka, 1939-41, #1024 (Jilid 04). Kisah, Cerita dan Kronikal | Babad Tanah Jawi #1013.
5.Babad Tanah Jawi, Balai Pustaka, 1939-41, #1024 (Jilid 05). Kisah, Cerita dan Kronikal | Babad Tanah Jawi #1014.
6.Babad Tanah Jawi, Balai Pustaka, 1939-41, #1024 (Jilid 06). Kisah, Cerita dan Kronikal | Babad Tanah Jawi #1015.
7.Babad Tanah Jawi, Balai Pustaka, 1939-41, #1024 (Jilid 07). Kisah, Cerita dan Kronikal | Babad Tanah Jawi #1016.
8.Babad Tanah Jawi, Balai Pustaka, 1939-41, #1024 (Jilid 08). Kisah, Cerita dan Kronikal | Babad Tanah Jawi #1017.
9.Babad Tanah Jawi, Balai Pustaka, 1939-41, #1024 (Jilid 09). Kisah, Cerita dan Kronikal | Babad Tanah Jawi #1018.
10.Babad Tanah Jawi, Balai Pustaka, 1939-41, #1024 (Jilid 10). Kisah, Cerita dan Kronikal | Babad Tanah Jawi #1019.
11.Babad Tanah Jawi, Balai Pustaka, 1939-41, #1024 (Jilid 11). Kisah, Cerita dan Kronikal | Babad Tanah Jawi #1020.
12.Babad Tanah Jawi, Balai Pustaka, 1939-41, #1024 (Jilid 12). Kisah, Cerita dan Kronikal | Babad Tanah Jawi #1021.
13.Babad Tanah Jawi, Balai Pustaka, 1939-41, #1024 (Jilid 13). Kisah, Cerita dan Kronikal | Babad Tanah Jawi #1022.
14.Babad Tanah Jawi, Balai Pustaka, 1939-41, #1024 (Jilid 14). Kisah, Cerita dan Kronikal | Babad Tanah Jawi #1023.
15.Babad Tanah Jawi, Balai Pustaka, 1939-41, #1024 (Jilid 15). Kisah, Cerita dan Kronikal | Babad Tanah Jawi #1024.
16.Babad Tanah Jawi, Balai Pustaka, 1939-41, #1024 (Jilid 16). Kisah, Cerita dan Kronikal | Babad Tanah Jawi #1025.
17.Babad Tanah Jawi, Balai Pustaka, 1939-41, #1024 (Jilid 17). Kisah, Cerita dan Kronikal | Babad Tanah Jawi #1026.
18.Babad Tanah Jawi, Balai Pustaka, 1939-41, #1024 (Jilid 18). Kisah, Cerita dan Kronikal | Babad Tanah Jawi #1027.
19.Babad Tanah Jawi, Balai Pustaka, 1939-41, #1024 (Jilid 19). Kisah, Cerita dan Kronikal | Babad Tanah Jawi #1028.
20.Babad Tanah Jawi, Balai Pustaka, 1939-41, #1024 (Jilid 20). Kisah, Cerita dan Kronikal | Babad Tanah Jawi #1029.
21.Babad Tanah Jawi, Balai Pustaka, 1939-41, #1024 (Jilid 21). Kisah, Cerita dan Kronikal | Babad Tanah Jawi #1030.
22.Babad Tanah Jawi, Balai Pustaka, 1939-41, #1024 (Jilid 22). Kisah, Cerita dan Kronikal | Babad Tanah Jawi #1031.
23.Babad Tanah Jawi, Balai Pustaka, 1939-41, #1024 (Jilid 23). Kisah, Cerita dan Kronikal | Babad Tanah Jawi #1032.
24.Babad Tanah Jawi, Balai Pustaka, 1939-41, #1024 (Jilid 24). Kisah, Cerita dan Kronikal | Babad Tanah Jawi #1033.
25.Babad Tanah Jawi, Balai Pustaka, 1939-41, #1024 (Jilid 25). Kisah, Cerita dan Kronikal | Babad Tanah Jawi #1034.
26.Babad Tanah Jawi, Balai Pustaka, 1939-41, #1024 (Jilid 26). Kisah, Cerita dan Kronikal | Babad Tanah Jawi #1035.
27.Babad Tanah Jawi, Balai Pustaka, 1939-41, #1024 (Jilid 27). Kisah, Cerita dan Kronikal | Babad Tanah Jawi #1036.
28.Babad Tanah Jawi, Balai Pustaka, 1939-41, #1024 (Jilid 28). Kisah, Cerita dan Kronikal | Babad Tanah Jawi #1037.
29.Babad Tanah Jawi, Balai Pustaka, 1939-41, #1024 (Jilid 29). Kisah, Cerita dan Kronikal | Babad Tanah Jawi #1038.
30.Babad Tanah Jawi, Balai Pustaka, 1939-41, #1024 (Jilid 30). Kisah, Cerita dan Kronikal | Babad Tanah Jawi #1039.
31.Babad Tanah Jawi, Balai Pustaka, 1939-41, #1024 (Jilid 31). Kisah, Cerita dan Kronikal | Babad Tanah Jawi #1040.

Regi f 0.50

Babad Tanah Jawi

Jilid: 30

Bale Pustaka - Batawi Sèntrêm

--- 30 : [1] ---

Serie No. 1289cc

Babad Tanah Jawi

Jilid: 30

Sunan Kuning têluk dhatêng Kumpêni

Bale Pustaka - Batawi Sèntrêm - 1941

--- 30 : [2] ---

Wêwênangipun ingkang ngarang kaayoman miturut anggêr ingkang kapacak ing Sêtatsêblad 1912 No. 600

--- 30 : [3] ---

Raja Trênate dipun ajêngakên dhatêng paprangan

170. dhatêng Kartasura sampun prapti | lampahira panggih lan kumêndhan | nulya Dyan Pringgalayagê | ingaturan wus rawuh | ing jro loji sampun apanggih | lan Ki Kartalêksa |Kurang satu suku kata: lawan Ki Kartilêksa. Wôngsanagarèku | kang dinangu Radèn Arya | Pringgalaya dhatêng Wôngsanagarèki | myang Ki Kartilêksana ||

171. amung sarêmbag-rêmbagirèki | mêngsah ingkang baris ing Drêsanan | lawan sintên pangagênge | Wôngsanagara matur | ngaturakên sarêmbagnèki | mêngsah lan pangagêngnya | sadaya wus katur | sampuning têlas aturnya | Wôngsanagara lan Kartilêksanèki | gya ngaturi uninga ||

172. kumêndhan maring sri narapati | yèn wadyèng nata Wôngsanagara | lan pun Kartilêksanane | mangke dhêdhatêngipun | pan sumôngga ing karsa aji | sang nata angandika | kang parentah dhawuh | mênggah pun Kartilêksana | lan Wôngsanagara kinèn anêtêpi | salêlakone lama ||

173. anunggila wadanane sami | dhewe-dhewe sampuning mangkana | numpak ing tanggal Mulude | anulya sami ngrêmbug- | akên angkatirèng ajurit | ambêdhah Ngrandhulawang | wau aturipun | Radèn Arya Pringgalaya | mring kumêndhan tuwan punika ing benjing | mênggah angkat-angkatan ||

174. sampun dados sumêlanging galih | mênggah Kumpêni [Ku...]

--- 30 : 4 ---

[...mpêni] ingkang dandanan | yêkti sawontên-wontêne | ingkang angangkat besuk | inggih sagung mantri puniki | sanadyan angrêmbata | piyambak dèn lalu | rèh ajêng lumakyèng karya | lêga ing tyas kumêndhan sigra dènnyangling | mring Radèn Pringgalaya ||

175. inggih radèn kula angkah benjing | angkat kula dhatêng Randhulawang | sampun ing grêbêg Mulude | radèn lan malihipun | nuntên dika utusan nuli | mring Rad Endranata |Kurang satu suku kata: mring Radèn Endranata. andika kèn ngumpul- | akên singkêp badhe ngrêmbat | kang arupa sakèh dandanan Kumpêni | ri sampuning arêmbag ||

176. nuntên wontên dutanira prapti | saking pabarisan ing Drêsanan | Jayawinata dutane | dene ing lampahipun | kinèn dhatêngakên kayêktin | ing tyas bêkti narendra | lawan pênêdipun | dhatêng Kumpêni tan ginggang | ananging yèn sowana asangêt runtik | kêdhik pakantukira ||

177. nanging panêdhane kang prajanji | samangsane Kumpêni matênga | ing Kadrêsanan lampahe | tiyang Cina ginêpuk | saking wingking sanggupirèki | kumêndhan langkung suka | jroning manahipun | sigra sinung panêngêran | ponang duta sutra biru tigang nyari | panjangipun sadhêpa ||

178. sarta kang duta sira winêling | mring kumêndhan mangkana wêlingnya | iya iki samangsane | ingsun têkaa besuk | Kadrêsanan iki dèn aglis | anuli dèn bèbèra | têngran iku besuk | dening Ki Jayawinata | yèn tan wani anggitik Cina sing wuri |

--- 30 : 5 ---

sumisiha kewala ||

179. rimpunira têlas winêling |Kurang satu suku kata: ri sampunira têlas winêling. ponang duta sigra dènnya mêsat | sahingsaking. kumêndhan ngarsane | wau saungkuripun | gya kumêndhan malêbèng puri | angaturi uninga | maring sang aprabu | kêkalih prakawisira | kang ingaturakên uningèng narpati | kang rumiyin praptanya ||

180. dutanira Jayawinatèki | praptanira kinarya pratôndha | yèn angulungi pênêde | lan kaping kalihipun | yèn marêngi lêga tyas aji | mênggah ing Randhulawang | benjing sampunipun | garêbêg kula umangkat | anginggahi anggitik ing Randhukori | kalajêngakên pisan ||

181. inggih kongsia dhatêng Matawis | sri narendra aris angandika | iya bênêr sira kuwe | kapitan ing karêpmu | dening Si Jayawinatèki | tulus têka bêcika | iya luwih sokur | sasadyansanadyan. ora têkaa | ing bêcike môngsa wêdia sirèki | marang Si Jawinata ||

182. balik sira arsa mangkat benjing | gonira gitik ing Randhulawang | mangkat sawus garêbêge | ya Si Pringgalayèku | apa uwis noparentahikoparentahi. | kumêndhan aturira | inggih sang aprabu | yèn marêngi karsa nata | pênêd tinimbalan wontên ing ngarsaji | inggih pun Pringgalaya ||

183. sri narendra sigra animbali | marang sira Radèn Pringgalaya | nulya prapta tan asuwe | gya dhinawuhan sampun | pangandikanira narpati | Rahadyan Pringgalaya | sandika turipun | inggih abdi sri narendra | sakathahing

--- 30 : 6 ---

abdi dalêm para mantri | sampun kaparentahan ||

184. kalawingi gèn amarentahi | dhatêng sagunging abdi paduka | para mantri sakathahe | sandika aturipun | nadyan angrêmbata pribadi | inggih dhatêng sandika | sadaya turipun | nanging ingkang dipun têdha | dhatêng saudara paduka narpati | enggalipun ing lampah ||

185. wontêndene pun Endranatèki | inggih sampun sami kaprentahan | anaosêna jagule | sasampuning umatur | nuntên sami katundhung mijil | sapraptanirèng jaba | lajêng samya mantuk | ri sampunira mangkana | sasi Mulud môngsa panumpakirèki | tanggal ping kalih wêlas ||

186. nuntên enjingipun sri bupati | miyos pinarak ing sitibêntar | amiyos ing garêbêge | siniwèng ing wadyagung | pêpak sakèh kang para mantri | miwah para punggawa | pêpak ngarsa prabu | lawan sagunging santana | myang Kumpêni sagunging para upêsir | pêpak nèng ngarsa nata ||

187. sarta dêdamêlira abaris | anèng alun-alun sampun aglar | samêkta lan mariyême | samana tan adangu | ancak gunung sampun umijil | saking ing dalêm pura | sinarêngan sampun | urmating Kumpêni sigra | mungêl êdrèl sinapan wêkasan muni | mariyêm gêng sapisan ||

188. sasampuning urmating Kumpêni | drèl kaping tri lajêng mariyêmnya | mungêl kaping pitulase | wadya Jawi sumambung | barondongan bêdhilirèki | ri sampuning mangkana |

--- 30 : 7 ---

nata lajêng nayub | têdhak saking sitibêntar | dènnya nayub wontên ing bangspangapit |Kurang satu suku kata: dènnya nayub wontên ing bangsal pangapit. kang upêsir sadaya ||

189. sampun wuru mêdal sanggupnèki | apan mangkana ing sanggupira | nuli ingabêna age | ulun iki lan mungsuh | lan wong Cina pan ulun wani | miwah kang wong Walônda | akathah kang wuru | barung lan maryêm swaranya | sakalangkung lêga galih tyas narpati | sawab Kumpêni samya ||

190. mêdal sanggup panantangirèki | dhatêng mêngsah Cina lan wong Jawa | sang nata pangandikane | mring Dyan Pringgalayèku | padha undangana tumuli | sakèhe kancanira | yèn Kumpêni besuk | Salasa ênggone mangkat | lakunira anggitik ing Randhukori | iku gya undhangêna ||

191. sigra dhinawuhakên tumuli | pangandikanya sri naranata | mring para wêdana kabèh | myang pra kaliwonipun | miwah sagunging para mantri | apan sami sandika | sadaya turipun | tan adangu sigra bubar | sri narendra mantuk ngadhaton tumuli | bubar sagung punggawa ||

192. miwah sagung kang para upêsir | samya mantuk maring pondhokira | myang mantri wus samya mulèh | sami dandan anglurug | kawarnaa ing Randhukori | pan têlikira prapta | ing Kartasurèku | wus katur ing ratunira | yèn Kumpêni arsa umangkat tumuli | nglurug mring Randhulawang ||

--- 30 : 8 ---

183. Pabarisan ing Randhulawang bêdhah

193. kagyat ing tyas sapamiyarsèki | ratuning Cina ing Randhulawang | sigra amêmatah age | ingkang badhe amêthuk | anadhahi pranging Kumpêni | sarta Cina Sapanjang | tinimbalan sampun | winartan lamun Walônda | arsa mangkat anglurugi Randhukori | sigra têtiyang Cina ||

194. sakathahe pan sampun kinêrig | wong Cina dhatêng ing Kadrêsanan | kêdhik kang kinantunake | wontêndene kang kantun | kang kinanthi ratunirèki | anèng ing Randhulawang | nênggih wastanipun | Jayadirana ing Rema | ingkang sampun jinunjung namanirèki | Tumênggung Rêksapraja ||

195. tansah kinudang-kudang ing jurit | cinêtha lamun dados pugêran | ing ayuda têmahane | mila tansah ginunggung | ginagadhang tinriman putri | mila saya maludag | ing sasanggupipun | purun nadhahi praptanya | wong Kumpêni yèn èstu benjing dhatêngi | Pamalon dènnya mapag ||

196. arêrêmpon karsanira benjing | nèng Pamalon gènira ayuda | dening karsaning ratune | nênggih samangsanipun | yèn wontêna kasoring jurit- | tiraira. baris Drêsanan | ing panêdyanipun | lumajêng dhatêng Samarang | ratunira angungsi dhatêng Kumpêni | ri sampuning mangkana ||

197. ing Kartasura kawarta malih | sampun prapta ing ubayanira | nuju dina Salasane | samana angkatipun | kumêndhan lan wadya Kumpêni | dhatêng ing Kadrêsanan |

--- 30 : 9 ---

dene ingkang kantun | kang tinilar têngga praja | lan ambaurêksa dhatêng ing narpati | Dyan Malayakusuma ||

198. lan Adipati Wirarêjèki | katiga Kyai Kartinagara | kajawi punika kabèh | pan binêkta anglurug | sadaya tan wontên kang kari | dene ingkang bêbêktan | sakiranging jagul | samya winrat ing turôngga | kang awarni sanjata tintak laslan. mimis | sampun kawrat sadaya ||

199. saangkatira saking nagari | pan gumuruh swaraning kang bala | warna-warna gêgamane | dening kang sikêp lawung | wadya Bali binang jininggring | sikêpirèng ayuda | apangirid tunggul | rêkta tinumpal ing seta | wong Makasar sinapan sikêp sirèki | atunggul sutra jênar ||

200. wong Trênate apan datan kari | kang tinilar dening rajanira | wong tigang dasa kathahe | punika datan kantun | lampahira tan kêna têbih | lawan tuwan kumêndhan | tansah munggwing ngayun | samya asikêp sanjata | wanèh ana asikêp towok lan lêmbing | saha tunggul ing ngarsa ||

201. dahat agêng lampahing kang baris | gumulung pindha ardi dahana | myang wong Walônda lampahe | tinon amindha mêndhung | awor kilat kalawan thathit | gêbyare kang sinapan | gumrudug wor tambur | datan kawarna ing marga | lampahira ing Dilanggu sampun prapti | nulya mêngsah katingal ||

202. salèr Karècèk prênahirèki | ênggèning mêngsah ingkang katingal | apan macambêng lampahe | dupi wau andulu | mring Kumpêni [Ku...]

--- 30 : 10 ---

[...mpêni] praptanirèki | nulya apalarasan | mêngsah unduripun | anandêr turangganira | mring Drêsanan Kumpêni samya udani | ing mêngsah undurira ||

219. Durma

1. sapraptane pacambêngira wong Cina | nulya prayitna sami | anata gêgaman | sampun pinrênah-prênah | ênggènnya angrampit biting | Kumpêni sigra | mangkat nglampahirèki ||

2. saking Dilanggu dhatêng ing Kadrêsanan | Karècèk wus kawingking | dupi katingalan | saking ing Kadrêsanan | Kumpêni praptanirèki | mêngsah saksana | nulya ambêndhe aglis ||

3. saha tambur bèri swaranya gumêrah | dening wadya Kumpêni | lampahe atata | sarta samya prayitna | tan kandhêg lampahirèki | dupi wus cêlak | dumuginipun bêdhil ||

4. sigra wong Cina nyulêdi kalantaka | sarêng sinapan muni | gumrudug swaranya | pindha gunturing arga | lir jatu tibaning mimis | apan kalintang | tan wontên angundhili ||

5. sigra Kumpni amalês amasang tiktak | sinapan sarêng muni | lir gêlap sayuta | bêdhil mungsuh lan rowang | swara lir ngrubuhna langit | pangêdrèlira | Kumpêni wanti-wanti ||

6. nanging Kumpni tan kandhêg ing lampahira | dènnya sarya bêdhili | pan sêdya angrangsang | mring biting tiyang Cina | dupi wus angrampit biting | Kumpêni sigra | nulya angrangsang biting ||

7. bitingira anulya binubrah samya | dening Cina kang mati | kacandhak ing ajang | kêkalih kakangira | kang lumajêng dipun usir | têtiyang Cina |

--- 30 : 11 ---

miwah prayayi Jawi ||

8. ingkang munggwèng turôngga palajêngira | praptèng Têmbêlang sami | dene tiyang Cina | kang kacandhak sasanga | Kumpêni wus samya bali | mring Kadrêsanan | apan sipêng salatri ||

9. enjing mangkat mêngsah tan wontên katingal | lampahira lêstari | Kumpêni samana | sarêng prapta ing Gondhang | Kumpêni sigra ningali | yèn wontên mêngsah | kathahnya winatawis ||

10. wontên kêkapalan satus watawisnya | sarêng wruh ing Kumpêni | pan samya lumaywa | wus datan katingalan | Kumpêni lampahirèki | mondhok ing Gondhang | lajêng sipêng salatri ||

11. enjing mangkat sêdya lajêng lampahira | dhatêng ing Randhukori | nanging tiyang Cina | sakawone prangira | saking Kadrêsanan nguni | palajêngira | lajêng mring Yogya sami ||

12. dene kang kantun atêngga ratunira | anèng ing Randhukori | amung kang anama | Tumênggung Rêksapraja | ing Rema wijilirèki | ika kang tanggah | ananglêdi Kumpêni ||

13. duk samana Ki Tumênggung Rêksapraja | wus majêng barisnèki | myang sasêntananya | wus pinêpak sadaya | lan sawadyanya kinêrig | têtiyang Rema | Pamalon dènnya baris ||

14. akêkadhar katingalan barisira | sarêng wruh ing Kumpêni | pajêg datan obah | barisnya wadyèng Rema | sêdya nanglêdi Kumpêni | kèndêl sakêdhap | Kumpêni tata baris ||

15. ingkang munggyèng turôngga sampun tinata | rinakit kanan kering | Kumpêni barisnya | tinata [tina...]

--- 30 : 12 ---

[...ta] munggwèng madya | sasampuning ngrakit baris | kang mêngsah sigra | dèn mariyêm tumuli ||

16. minariyêm kapisan mêngsah tan obah | gya sinusulan malih | mariyêm lan tiktak | mêngsah mêngkab barisnya | Kumpêni gya masang sami | ingkang adharat | myang kang nitih turanggi ||

17. apan sarêng nandêr saking keri kanan | nglancangi ing ajurit | ingidêg kewala | malah lawan turôngga | tan kongsi sagêd apulih | kang ponang mêngsah | mawut kewala sami ||

18. palajêngnya mêngsah akathah kacandhak | binuru lan turanggi | dadya kathah pêjah | mêngsah ingkang kacandhak | Tumênggung Rêksaprajèki | sampun lumaywa | rowangnya kathah mati ||

19. palajêngnya lajêng dhatêng Randhulawang | angaturi upaksi | dhatêng ratunira | kang wontên Randhulawang | kalangkung kasêsanèki | palajêngira | ratuning Randhukori ||

20. saking kasêsanira dènnya lumaywa | duk nabranabrang. lèpèn bêning | nulya tinututan | amung tiyang sakawan | wau ingkang anututi | mèh kacandhaka | kang nututi ambêdhil ||

21. ingkang kêna kudanya Radèn Sêrada | rencangnya angawali | pan sambi lumaywa | de kang nututi sira | samana sampun abali | mring Randhulawang | kumêndhan wus angancik ||

22. anèng Randhulawang saha wadyanira | bêdhahing Randhukori | apan sinangkalan | taun Ehe pan gajah | nênêm ngobahakên bumi |Sengkalan: gajah nênêm ngobahakên bumi (1668 A.J., 1743/1744 A.D.). sasampunira | têntrêm wadya Kumpêni ||

23. nuntên wontên wadyalit atur uninga |

--- 30 : 13 ---

yèn sunan ing Cinèki | tansah tinututan | wau kawula tilar | wontên sawetanirèki | ing Pajarakan | kumêndhan tumulya glis ||

24. nitih kuda gya mangkat tan ngantos wadya | sêdyanira nututi | bujêng Sunan Cina | nanging datan kacandhak | amung wau kang kapanggih | tiyang sakawan | kang bêbujung rumiyin ||

25. aturira tiyang sakawan punika | gèn kawula nututi | yèn kathaha rencang | tuwan kantos kacandhak | mila kula tan nututi | tan kenging cêlak | dèn amuk rencangnèki ||

26. rencangipun winitawis kathahira | wontên sèkêt kang ngiring | amung kang katingal | tiyang cêmêng kewala | kang bêkta sênapan sami | ya ta kumêndhan | gènira anututi ||

27. lajêng kongsi dhatêng kilèn pajagalan | tulus tan wontên kèksi | wangsul lampahira | wau tuwan kumêndhan | dhatêng Randhukori malih | sasampunira | prapta ing Randhukori ||

28. nuntên wontên rencang manggih tiyang tuwa | langkung wus kaki-kaki | lungse pakaryanya | Sutakithung namanya | abdinya Sunan GarêndaGuru lagu seharusnya: 8i, abdinya Sunan Garêndi. | bêbêktanira | saking Selong ing wuri ||

29. dupi kauningan mring tuwan kumêndhan | gya kinèn amêjahi | wau tiyang tuwa | kumêndhan sarya mojar | gènira akèn mêjahi | kang muruk ala | iku mring gustinèki ||

30. sasampuning tiyang tuwa pinêjahan | nulya sami amikir | amrih kengingira | wau Sunan ing Cina | Dyan Pringgalaya sru angling | ing

--- 30 : 14 ---

pikir kula | tuwan lamun suwawi ||

31. inggih binujêng sapuruge punika | môngsa botêna ugi | têlas rencangira | kêkècèr wontên marga | kumêndhan tan nyuwawèni | ing pikirira | dèn tututi dèn aris ||

32. tinututan wiraos bujuk kewala | nulya Saradipaglis | kinèn lumampaha | nututi Sunan Cina | wus binêktan surat aglis | Ki Saradipa | angkatnya sirêp janmi ||

33. nuntên enjingipun kumêndhan pan arsa | budhal mring Ngayogyèki | dening sakathahnya | wadya kang mawi kuda | binêkta mangkat kariyin | Kumpêni dharat | tinilar lampahnèki ||

34. lampahira kumêndhan asêsantêran | tan adangu gya prapti | Ngayogya lampahnya | duk praptanirèng Yogya | pan sampun kapanggih sêpi | amung satunggal | tiyang alit kapanggih ||

35. tinakonan lakune Susunan Cina | iya marang ing êndi | lah sira tutura | matur kang tinakonan | inggih kalanipun wingi | ngidul purugnya | lan wadya Cina ngiring ||

36. lajêng minggah ing Ardikidul punika | nuntên kumêndhan sami | aso lampahira | nuntên Dyan Pringgalaya | tan adangu sami prapti | sakancanira | inggih prayayi Jawi ||

37. punapadene Kumpêni ingkang dharat | pan sampun sami prapti | sampuning mangkana | kumêndhan sigra mojar | mring Radèn Pringgalayèki | inggih manira | radèn mondhok ing ngriki ||

38. inggih angantos lampahe

--- 30 : 15 ---

Saradipa | kantênane ing benjing | ing pênêd awonnya | samana pangantosnya | kongsi dhatêng kalih latri | tan wontên prapta | sigra kumêndhan nuli ||

39. akèn nimbali maring Jayawinata | aturnya Rajaniti | inggih sampun tuwan | kawula aputusan | ngupados Jawinatèki | myang Jasamodra | kumêmêndhan êcèng galih ||Lebih satu suku kata: kumêndhan êcèng galih.

40. tan adangu nuntên Suradipa prapta | nulya pinariksaglis | matur Saradipa | inggih lampah kawula | tuwan botên apêpanggih | lan Sunan Cina | inggih sampun atêbih ||

41. tuwan kumêndhan malengos amiyarsa | Saradipa turnèki | nulya pêparentah | wau twan kumêndhan |Kurang satu suku kata: wau tuwan kumêndhan. akèn akaryaa aglis | srat undhang-undhang | mring sakèh wong Matawis ||

42. darapon tiyang alit sami mantuka | ing bale wismanèki | dupi amiyarsa | ing sêrat undhang-undhang | sakathahing tiyang alit | mantuk sadaya | ing bale wismanèki ||

43. satêntrêmira têtiyang ing Mataram | kumêndhan supèng galih | sakêdhap tan ketang | dènnya amikir mêngsah | amung asil ing Matawis | mênang ing yuda | ingkang dèn pikir-pikir ||

184. Radèn Pêngulu ing Têmbayat ngraman

44. nanging dèrèng lami anèng ing Ngayogya | apan dawêg nêm latri | nuntên wontên wadya | angaturi uninga | yèn dhusun Têmbayat mangkin | wontên karaman | pêksa umadêg aji ||

45. Radèn [Ra...]

--- 30 : 16 ---

[...dèn] Pangulu namanipun karaman | kang sami dèn irupi | wadyalit sadaya | sakiduling Têmbayat | myang sagunging tiyang Ardi- | kidul sadaya | samya anggusti-gusti ||

46. duk miyarsa kumêndhan bramatyèng nala | nulya kinèn nginggahi | sigra kang tinêdah | Kliwon Kawiragunan | Ki Wirawôngsa namèki | sapanêkarnya | sigra mangkat tumuli ||

47. sapanêkarira ginêlak lampahnya | dudidupi. prapta ing Wêdhi | Kyai Wirawôngsa | wau sira miyarsa | yèn Dyan Suryakusumèki | tumut satingkah | ing Radyan Pangulyèki ||Pangulwèki (dan di tempat lain).

48. nanging wontên kêkapalan kang katingal | nênêm kathahirèki | nuntên enjingira | Kiyai Wirawôngsa | sêdya majêng ing ajurit | wus mangkat sira | saking desa ing Wêdhi ||

49. lampahira prapta sakilèn Têmbayat | anulya aningali | Kyai Wirawôngsa | yèn mêngsahira prapta | kang nama Dyan Pangulyèki | sarencangira | kathahe winitawis ||

50. kados wontên tigang atus sami dharat | sêdyanya aprang sabil | pêrang lan Walônda | sarêng sira uninga | Dyan Pangulu mring sirèki | mring Wirawôngsa | nulya anêmpuh wani ||

51. pan arampak Dyan Pangulu panêmpuhnya | mring Ki Wirawangsèki | saha wadyanira | sami dharat sadaya | tan wondênwontên. sêdya gumingsir | Ki Wirawôngsa | sêlak kêkês ing galih ||

52. datan kongsi mungêl sênapan satunggal | nulya lumajêng sami | sigra anarajang | marang Ki Wirawôngsa | piyambak [piyamba...]

--- 30 : 17 ---

[...k] angraos kèsis | milu malaywa | sarya kêkês tyasnèki ||

53. asarsaran sadaya palajêngira | Kyai Wirawangsèki | sapanêkarira | apan asalin tunjang | wus têbih palajêngnèki | kèndêl samana | Gondhang wetanirèki ||

54. ing Têrunuh gènira kèndêl lumaywa | lajêng arèrèn sami | anèng pêkên Gondhang | lajêng sira utusan | mring Ngayogyatur upêksi | dhatêng kumêndhan | dutanira wus prapti ||

55. ing Ngayogya sigra matur ing kumêndhan | angaturi upêksi | yèn pun Wirawôngsa | kasor ing yudanira | mangke sampun baris malih | wontên ing Gondhang | nuhun bantu Kumpêni ||

56. sapamirsanira kumêndhan saksana | apêparentah aglis | maring wadyanira | Kumpêni myang wong Jawa | yèn tuwan kumêndhan mangkin | arsa anglarag | mring Têmbayat tumuli ||

57. enjingira sarêng pukul tambur pangkat | kathahing ponang baris | kang binakta nglarag | Kumpêni myang wong Jawa | pitung atus winitawis | dêdamêlira | kumêndhan kang umiring ||

58. kunêng Radèn Pangulu kang kawarnaa | sasampuning ajurit | buru Wirawôngsa | nulya apirêmbagan | lawan sarowangirèki | ing rêmbagira | Gondhang kang dèn anciki ||

59. milanipun ing Gondhang kang ingancikan | sêdya mêpêti margi | samôngsa wontêna | Walandi ingkang lintang | asêdya dipun pêjahi | sampun arêmbag | lawan sarewangnèki ||

60. lan arêmbag lan Radèn Suryakusuma |

--- 30 : 18 ---

Dyan Pangulu karsèki | lagya arsa mangkat | kumêndhan sêlak prapta | kalawan wadya Kumpêni | ingkang binakta | rumiyin pan akêdhik ||

61. amung Walandi saradhadhu kathahnya | kang sami nitih wajik | pan amung sangalas | lan wong Trênate sira | kalih likur kathahnèki | dene kang dharat | Kumpêni taksih têbih ||

62. kala kantun tinilar anèng Kajoran | lan Dyan Pringgalayèki | sarêngnya tinilar | dhatêng tuwan kumêndhan | samana lampahirèki | tuwan kumêndhan | sarêng sira ningali ||

63. dhatêng mêngsah anulya sami prayitna | ririh lampahirèki | dene ingkang mêngsah | Dyan Pangulu punika | sarêng katingal Kumpêni | nulya umangsah | majêng sawadyanèki ||

64. apan kathah kaum kang tumut ayuda | bêbêktanira sami | gendhong kitab Kuran | apan sami amamah | daringo bêngle sirèki | pamangsahira | anêmburakên sami ||

65. nanging sami botên amawi turôngga | sadaya dharat sami | amung pangagêngnya | wau ingkang anama | Radèn Pangulu pribadi | nitih turôngga | tandangnya nêmpuh wani ||

66. sarêng cêlak Walônda agya nanjata | myang wong Trênate sami | sarêng pambêdhilnya | nanging sakathahira | kang bêdhil tan wontên muni | kongsi ping tiga | pangêdrèlnya tan muni ||

67. malih kongsi kaping pat pangêdrèlira | wong Walônda tan muni | Dyan Pangulu sira | dhatêng ngajêng kewala | tan nêdya gingsir ing jurit | sawadyanira | dene [de...]

--- 30 : 19 ---

[...ne] tandangirèki ||

68. tansah nêmburakên dalingo bênglenya | sêsambatira sami | nêdya sabillollah | sampunira acêlak | lan kumêndhan praptèng ngarsi | pinêstul sigra | mring kumêndhan tan muni ||

69. ambal tiga kumêndhan pamêstulira | nanging mêksa tan muni | wau mêngsahira | supami anyandhaka | waos sêdya amalêsi | maring kumêndhan | winaos pasthi kêni ||

70. istingarah saking cêlaking ayuda | dening wadyanirèki | Trênate Walônda | wus alit manahira | dening wadya ingkang wingking | Kumpêni baslamIslam. | apan taksih atêbih ||

71. duk samana Radèn Arya Endranata | kêbatira pribadi | lumajêng saksana | ngêbatakên kang wuntat | dupi sawangsulirèki | Dyan Endranata | apan ginujêng sami ||

72. sigra angunusakên kêstul kumêndhan | nulya amlatuk malih | sêdyanya kumêndhan | Dyan Pangulu ingarah | pêstul mungêl ingkang kêni | rowang kang wuntat | sambat dyan kula mati ||

73. agya Radèn Pangulu nolèh ing wuntat | nulya bêdhil Walandi | wus mungêl sadaya | Dyan Pangulu wadyanya | akathah kêna ing bêdhil | wênèh kang pêjah | Dyan Pangulu nulyaglis ||

74. pan lumaywa binujêng mring tiyang Jawa | amung tiyang satunggil | kang ambujêng sira | Dyan Pangulu aniba | saking ing kudanirèki | arsa tinumbak | kumêndhan anututi ||

75. pan anyêgah marang kang arsa anumbak | nulya lumaywa aglis | kang arsa anumbak | angidul palajêngnya |

--- 30 : 20 ---

mila ngidul anêbihi | manawa ngatag | nubruk dèn Pangulyèki ||

76. nuntên tiyang Têrnate kang mawi gêntha | punika prapta aglis | tan mawi antara | sarêng prapta gya numbak | maring Radèn Pangulu glis | ya ta Rahadyan | Pangulu sampun mati ||

77. kumêndhan langkung dening kasrêngênira | marang wong Têrnatèki | kang numbak punika | mila srêngên kalintang | dene arsa dèn gêsangi | panyananira | wau mêngsah kang mati ||

78. dipun nyana Rahadèn Suryakusuma | mila mangkana ugi | kumêndhan tarkanya | dening pêpurunira | anglangkungi saking janmi | dening rowangnya | Dyan Pangulu wus gusis ||

79. palajêngnya sarsaran arêbut papan | kathah kacandhak mati | Dyan Suryakusuma | ngetan palajêngira | kêkapalan kang angiring | amung agangsal | dening mêngsah kang mati ||

80. tigang dasa pêpitu kang kauningan | dening tiyang Walandi | kang pêjah satunggal | nanging datan kantênan | wau ingkang amêjahi | sasampunira | mungsuh sirna anuli ||

81. Kumpêni Islam dharat kang anèng wuntat | sadaya sami prapti | myang Dyan Pringgalaya | lawan sakancanira | ingkang awarna priyayi | prapta sadaya | kumêndhan tumulyaglis ||

82. pêparentah dhatêng Radyan Pringgalaya | aprakawis wismèki | Têmbayat sadaya | kinèn angobongana | sigra ingobongan sami | têlas sadaya | griya kêdhik kang kari ||

83. sasampuning wisma katunu sadaya | pan wanci pukul katri | tan sipêng kumêndhan | gènnya [gè...]

--- 30 : 21 ---

[...nnya] anèng Têmbayat | anulya bubar tumuli | tulak lampahnya | wangsul mring Yogya malih ||

84. wanci pukul sawêlas dalu praptanya | kumêndhan Ngayogyèki | nuntên enjingira | gya kumêndhan utusan | dhatêng ing Kartasurèki | atur uninga | dhatêng sri narapati ||

85. sapraptane duta nagri Kartasura | wus katur ing narpati | yèn wau kumêndhan | angaturi uninga | yèn mêngsah Têmbayat mangkin | sampun suh sirna | kang dados brôngta kingkin ||

185. Mangunonêng kacêpêng. Prabu Kuning têluk dhatêng Kumpêni, lajêng dipun santuni jêjuluk Pangeran Selong

220. Asmaradana

1. mangkana sri narapati | langkung lêga ing tyasira | amiyarsakkên ature | duta kang atur uninga | kang saking ing Ngayogya | yèn sampun sirna kang mungsuh | kang umadêg nèng Têmbayat ||

2. malah akathah kang mati | kang mêngsah kala prangira | anèng Têmbayat kilène | sigra dutanya kumêndhan | apan sampun tinulak | kapatêdhan srat wêwangsul | mungêl nata asung wikan ||

3. yèn ratune wong Cinèki | ing mêngko ingkang ngancikan | anèng bumi Madiune | sarta lawan Si Sapanjang | sabangsane wong Cina | kabèh ana ing Madiun | sadhawuhing sêrat nata ||

4. kumêndhan èmêng ing galih | kang dadya èmêng tyasira | angraos [angrao...]

--- 30 : 22 ---

[...s] mangkak lampahe | yèn tinilara Mataram | ing sawêktu punika | apan akathah lwiripun | kang dados mangkaking lampah ||

5. kang rumiyin wong Matawis | apan ta dèrèng arata | dening sayêkti-yêktine | kang dadya tyasnya kumêndhan | mung isining Mataram | kang tansah pinrih kinukup | myang wong Bagêlèn sadaya ||

6. dèrèng wontên andhatêngi | pratandhaning pênêdira | amung kang prapta dutane | Tumênggung Yudanagara | ing Toyamas tur wikan | mring kumêndhan dutanipun | praptane wontên Ngayogya ||

7. atur uninga ing mangkin | Mangunonêng wus kabêsta | nenèng. Lêledhok kacêkêle | kainggahan wong Têtêgal | lan Kapitan Bahêman | dening garwa sang aprabu | kang nama Dyan Ayundana ||

8. ingkang kabêkta ing nguni | mring Mangunonêng kesahnya | pan wus kabandhang ing mangke | dhatêng ing Kapitan Bahman | miwah kagungan nata | kang kabêkta sadayèku | mring Mangunonêng samana ||

9. mangke sampun dèn candhakticandhaki. | mring sira Kapitan Bahman | warni dhuwung lan sêsupe | dhuwung Kya Jakung namanya | lawan malih punika | kang sêsupe namanipun | miwah Kyai Manjanganbang ||

10. punika warnine sami | kang kabêkta maring Têgal | sampuning tamat nurate | Tumênggung Yudanagara | gya winangsulan sêrat | dutanira wus tinundhung | nulya Ki Wôngsanêgara ||

11. lan Ki Kartilêksanèki | ingantukakên kalihnya | dhatêng dhusun ing Bagêlèn | samya kinèn [ki...]

--- 30 : 23 ---

[...nèn] narubana | wong Bagêlèn sadaya | dawêg kalih dasa dalu | priyayi kalih antuknya ||

12. nulya tinimbalan sami | ginêlakakên lampahnya | anulya dhatêng kalihe | prapta ngarsane kumêndhan | nanging salampahira | wong Bagêlèn dèrèng tarub | kang anama Ônggawôngsa ||

13. lawan Ki Cakrajayèki | inggih ta botên kabêkta | sami sumados kalihe | sarêng kalawan wong kathah | sanadyan asowana | wontêna kabêkta besuk | inggih ing sowan kawula ||

14. ri sampuning mangkanèki | Mataram sampun arata | de kumêndhan panatane | dhatêng têtiyang Mataram | sarta Dyan Pringgalaya | ingkang bawah ing karatun | miwah pamaosanira ||

15. wau ingkang dipun srahi | inggih Radèn Endranata | kang liya sing karatone | bumi Mataram punika | wau ingkang sinrahan | Kiyai Rajanitèku | kalih Ki Jayawinata ||

16. sasampunira aradin | nênggih nagari Mataram | kumêndhan pracayèng tyase | anulya kumêndhan budhal | lan Radèn Pringgalaya | mantuk mring Kartasurèku | bubar saha wadyanira ||

17. datan kawarna ing margi | praptane ing Kartasura | sang nata anuli miyos | pinarak munggwèng witana | siniwèng sitibêntar | samana datan adangu | kumêndhan duk praptanira ||

18. lajêng minggah mring sitinggil | ngaturi salamêt sira | dhumatêng kangjêng sang katong | pangandikaning

--- 30 : 24 ---

rendra |Kurang satu suku kata: pangandikaning narendra. andangu mring kumêndhan | prakara kawoning mungsuh | miwah bumining Mataram ||

19. kumêndhan aturirèki | dhumatêng sri naranata | anutur ing sasolahe | kala prang kalawan Cina | sirnaning Randhulawang | lawan malih aturipun | prakara bumi Mataram ||

20. ing mangke sampun aradin | dening kang kawula tilar | abdi paduka sang katong | anênggih pun Endranata | kalih Jayawinata | katiga Rajanitèku | sakawan Jayasamodra ||

21. nanging wadya sri bupati | tiyang Bagêlèn kang nama | Ônggawôngsa lan malihe | kang nama pun Cakrajaya | kalih sami samaya | gènipun sowan sang prabu | sarêng lan raka paduka ||

22. Pangeran Danupayèki | sarta lan abdi paduka | tiyang Bagêlèn sagunge | sampuning têlas aturnya | kumêndhan mring sang nata | tan antara nulya kondur | sang nata wus angadhatyan ||

23. kumêndhan apan umiring | sawêdalira sing rupa | nuntên patêdhan sang katong | mêdal saking ing jro pura | dhatêng loji akathah | warni ulam sêkulipun | miwah kang warni dhadharan ||

24. miwah ingkang ibu nênggih | Jêng Ratu Agêng samana | miyosakên patêdhane | dhatêng ing loji akathah | awarna sêkul ulam | sarta lan dhadharanipun | ri sampunira mangkana ||

25. nulya kumêndhan sirangling | dhatêng Radyan Pringgalaya | rahadèn wau sang katong | angandika dhatêng kula | Pangeran Danupaya | ngenggalakên [ngeng...]

--- 30 : 25 ---

[...galakên] lampahipun | myang wong Bagêlèn sadaya ||

26. Dyan Pringgalayangling aris | tuwan lamun sapunika | ingkang dhatênga Bagêlèn | lêhêng pun Wôngsanagara | ikangingkang. kalampahêna | ngenggalêna lampahipun | Pangeran ing Danupaya ||

27. sarta angandika abdi | dalêm Bagêlèn sadaya | sampuning rêmbag ature | samana ing wanci andhap | gya Dyan Ayu Sumilah | ingunjukakên malêbu | konjuk dhatêng sri narendra ||

28. dahat suka tyas narpati | sarêng wanci pukul nêmnya | anuntên dhatêng sêrate | komasaris ing Samarang | sêrat dhatêng kumêndhan | ingkang sêrat ungêlipun | nêdha Dyan Ayu Sumilah ||

29. nuntên kumêndhan siraglis | malêbèng dalêm kadhatyan | dahat wor maras lêbête | dening wus kasok aburnya | sapraptanya ing ngarsa- | nira kangjêng sang aprabu | umatur saha ngêrêpa ||

30. kawula anuhun runtik | atur uninga sang nata | yèn mangke sudara katong | komisaris kintun sêrat | dhumatêng ing kawula | ingkang mungêl sêratipun | nêdha Dyan Ayu Sumilah ||

31. tinêdha dhatêng Samawis | punika atur kawula | sampun dados galih katong | sang nata aris ngandika | aywa sira sumêlang | kumêndhan prakara iku | iya apa sakarsanya ||

32. sudarangong komasaris | iya têka êsrahêna | nulya winêdalkên age | wau Dyan Ayu Sumilah | dhatêng loji samana | gya linajêngakên sampun |

--- 30 : 26 ---

dhatêng nagari Samarang ||

33. nuntên enjingipun malih | warnanên ingkang pinatah | lumampah dhatêng Bagêlèn | kang aran Wôngsanagara | apan sampun lumampah | antawis sadasa dalu | nuntên kasusulan lampah ||

34. kang tinêdah anusuli | wasta pun Surawikrama | kalih prakawis lampahe | rumiyin kinèn mariksa | Karangbolong kang guwa | dening kaping kalihipun | kinèn ngenggalakên sira ||

35. dhatêng sagunging priyayi | Bagêlèn kang dèrèng prapta | wusing dhawuh timbalane | nuntên lajêng lampahira | Kyai Surawikrama | dhatêng Kawisbolong sampun | dene ingkang kinèn enggal ||

36. Kyai Wôngsanagarèki | kalih Kyai Ônggawôngsa | katiga Cakrajayane | apan sami rêrêmbagan | dènnyarsa enggal sowan | dhatêng ing Kartasurèku | apan ta sampun sarêmbag ||

37. lampahira anarêngi | lan Pangeran Danupaya | lawan sarêngira malèh | Radèn Ayu Puspadirja | kang bibi Sunan Cina | sarêng sami mangkat sampun | tansah arêmbên ing marga ||

38. wau kang wontên nagari | anênggih tuwan kumêndhan | myang Radèn Pringgalayane | sangêt pangajêng-ajêngnya | mring Ki Wôngsanagara | nuntên wontên wadya rawuh | apan ngaturi uninga ||

39. yèn mangke putrèng narpati | kang nama Dyan Ajêng Warsah | prapta kang andhèrèkake | dutanya Dyan Mangkupraja | dene sarêngnya prapta | wadya èstri jro

--- 30 : 27 ---

kadhatun | nama Bok Ajêng Piyaka ||

40. sarêngira prapta malih | mantri lêlurah niyaka | Dêmang Kramadayabule | wus kinèn amêthuk agya | mring dhusun ing Awôngga | praptèng ing Wôngga kapêthuk | wus sami kapanggih sira ||

41. ngaturan mangkat tumuli | nulya age sami mangkat | datan kawarna lampahe | wus prapta ing Kartasura | apanggih lan kumêndhan | pan linajêngakên sampun | malêbêt katur sang nata ||

42. nuntên wontên prapta malih | duta saking ing Mataram | Ki Rajaniti dutane | apan ngaturi uninga | yèn Pangran Danupaya | pan ing mangke lampahipun | sampun prapta ing Mataram ||

43. sarta Ki Ônggawangsèki | kalawan Ki Cakrajaya | de Pangran Danupayane | anunggil Dyan Endranata | wontên ing Kapurancak | kumêndhan nulya anuduh | ingkang amêthuk pangeran ||

44. kang tinuduh juru tulis | awasta Ki Puspayuda | wanci asar umangkate | tan kandhêg ing lampahira | praptaning Pajêjêran | apan wanci bêdhug têlu | dupi wau enjingira ||

45. panggih lan Ki Rajaniti | nuntên lajêng lampahira | dhatêng Kapurancak age | panggih lan Dyan Endranata | linajêngakên sigra | pan pinanggihakên sampun | lan Pangeran Danupala ||

46. sapêpanggihira nênggih | lan Pangeran Danupaya | Ki Puspayuda nulyage | ngaturakên tabenira | kumêndhan mring pangeran | sampuning tabenya katur | Ki

--- 30 : 28 ---

Puspayuda turira ||

47. mring Pangran Danupayèki | pangeran lampah sampeyan | ing mangke ngaturan age | dhatêng sudara paduka | milanya sapunika | rayi andika sang prabu | sangêt pangarsa-arsanya ||

48. pangran pangandikanèki | wingi ingsun arsa mangkat | nanging kang sun antèkake | iya karêpe kumêndhan | pangran nulya ngandika | mring Radèn Endranatèku | yèn makatên mangke paman ||

49. sami andika bejani | sakathah priyayi kônca | inggih tiyang ing Bagêlèn | kalamun ing benjang-enjang | anggèn kula umangkat | sampuning aundhang wau | nuntên enjing sami mangkat ||

50. dalu sipêng ing Wotgalih | nuntên enjing sami mangkat | praptèng Lusah sipêng malèh | sawontênipun ing Lusah | nuntên Ki Puspayuda | nênggih amanggihi sampun | mring Dyan Ayu Puspadirja ||

51. nuntên Radyan Ayu angling | pitakèn mring Puspayuda | lah kadipundi wartane | nênggih si adhi Sumilah | punapa sayêktosa | dening wartining misuwur | yèn tinrimakkên Walônda ||

52. Ki Puspayuda nauri | apan dèrèng sapunika | mugi binêktakkên yêktos | dhatêng nagri ing Samarang | nanging dèrèng kantênan | ingkang ngrabèni satuhu | Radèn Ayu aris mojar ||

53. lamun makatêna ugi | langkung maras manah kula | kadipundi ing têmahe | ingkang dadi awak kula | matur Ki Puspayuda | langkung-langkung kang sinuhun | nanging ing atur kawula ||

--- 30 : 29 ---

54. dhatêng sampeyasampêyan. pribadi | Dyan Ayu bilih manawa | inggih wontên kagungane | rama andika sang nata | pra tuwin babrêkatan | punika sayogya konjuk | dhatêng rama jêngandika ||

55. inggih kangjêng sri bupati | sanadyan silih wontêna | Kumpêni ing panêdhane | kadi sinuhun tan suka | nuntên wau Rahadyan | Ayu Puspadirja muwus | inggih ingkang kula bêkta ||

56. Kiyai Bicak ing nguni | ing mangke pan kula tilar | wontên dhusun ing Bagêlèn | kaum kang kula tanggênah | angrawati Kya Bicak | ginantung ing masjidipun | samana wus sinêratan ||

57. Dyan Ayu satuturnèki | mring sira Ki Puspayuda | Kyai Bicak panggonane | anulya enjing umangkat | saking dhusun ing Lusah | prapta dhusun ing Dilanggu | samya sipêng lampahira ||

58. nanging Ki Puspayudèki | tan sipêng lajêng lampahnya | prapta ing Kartasurane | nulya ngaturi pratela | dhatêng tuwan kumêndhan | sakathahe kang lumaku | myang Dyan Ayu Puspadirja ||

59. satuturnya dèn sêrati | wus katur dhatêng kumêndhan | tumulya lumêbêt age | kumêndhan sapraptanira | ing ngarsane sang nata | nulya umatur sang prabu | kumêndhan atur uninga ||

60. yèn kagungan sang narpati | bêndhe kang nama Kya Bicak | kang ambêkta duk kesahe | Dyan Ayu Puspadirêja | ing mangke pan tinilar | tinitipakên ing kaum | dhusun Bagêlèn punika ||

61. mangke sumanggèng karsaji | dene cêcariyosira |

--- 30 : 30 ---

Dyan Ayu Puspadirjane | apan sampun kasêratan | dhatêng abdi paduka | pun juru tulis pukulun | dahat lêga tyas narendra ||

62. sawab pusakaning jurit | bêndhe Kya Bicak punika | mila lêgane tyas katong | kapanggihnya Kyai Bicak | nulya gandhèk tinêdah | dhatêng Bagêlèn amundhut | kagungan bêndhe sang nata ||

63. nuntên enjingipun prapti | Pangeran ing Danupaya | sarta lan tiyang Bagêlèn | myang Dyan Ayu Puspadirja | sarêngnya sami prapta | ing loji ingkang jinujug | mring Pangeran Danupaya ||

64. myang sakèhe ingkang prapti | tiyang Bagêlèn sadaya | ingirid mring loji kabèh | sampuning prapta sadaya | wus katur ing sang nata | dening parentah sang prabu | sami kinèn umantuka ||

65. mring golonganira lami | lawan sami anunggila | wadanane dhewe-dhewe | miwah Pangran Danupaya | wun kinèn nglêbêtêna | mring dalêmira karuhun | sasampunira mangkana ||

66. dene kang kantun ing loji | mung Dyan Ayu Puspadirja | dene Ki Cakrajayane | pinundhut malêbêt sira | dhatêng sri naranata | pan kinarya êmbanipun | kangjêng pangeran dipatya ||

67. antawis ing wolung latri | tiyang Bagêlèn praptanya | anuntên wau praptane | komasaris sêratira | saking nagri Samarang | mring kumêndhan ingkang sinung | apan asuka uninga ||

68. yèn mangke Sunan Cinèki | sampun prapta ing Samarang | mila

--- 30 : 31 ---

ungêle sêrate | komasaris sarta nêdha | Dyan Ayu Puspadirja | pan tinêdha praptanipun | nênggih nagari Samarang ||

69. kumêndhan anulya aglis | malêbêt ing dalêm pura | anuhun ing sang akatong | yèn mangke Susunan Cina | sampun praptèng Samarang | sampun ingalih namèku | dhatêng sudara paduka ||

70. ingih tuwan komasaris | kang ngalihkên namanira | winastan Pangeran Selong | lan Dyan Ayu Puspadirja | punika kang tinêdha | dening ing panêdhanipun | dhatênge nagri Samarang ||

71. pangandikane narpati | wau dhatêng ing kumêndhan | lah iya kapitan age | iku nuli têkakêna | nagari ing Samarang | pan tan dadi pikir iku | mung kang ingsun pikir uga ||

72. mulyane nagara mami | kabèh nagarèngsun Jawa | kumêndhan aris ature | sampun dados galih nata | yèn taksih ulun gêsang | anuntên kumêndhan iku | ya ta wau enjingira ||

73. Dyan Ayu Puspadirjèki | ingangkatakên samana | mring nagri Samarang age | sapraptanirèng Samarang | Dyan Ayu Puspadirja | nulya pinanggihkên sampun | lan Pangeran Selongira ||

74. sawingkinge kang tinuding | dhatêng nagari Samarang | ing wingking kang winiraos | kang anèng ing Kartasura | iya Ki Cakrajaya | pan winêdalakên sampun | saking unggyan kadipatyan ||

75. sawêdalira ing jawi | pan ginêntosakên sira | mring Wôngsadipa Kalêgèn | tumut mantri

--- 30 : 32 ---

waos anyar | ri sampuning mangkana | nuntên wontên sêrat rawuh | saking nagari Samarang ||

76. sêrat saking komasaris | Prèsêl konjuk ing sang nata | myang sêrat mring kumêndhane | sasampunira tinampan | sêrat dhatêng kumêndhan | dening kang konjuk sang prabu | kang sêrat gya tinupiksa ||

77. mungêl kang tabe rumiyin | wusing tabe kathah-kathah | awiyos mangke sang katong | kawula turi tumêdhak | dhatêng nagri Samarang | mila kula kamipurun | angaturi sri narendra ||

78. inggih kawuyakawula. aturi | pirêmbag damêl mapakatmupakat. | ingkang anyar ing samangke | padamêlan sampun munya | ing apêrang punika | enggala ing mulyanipun | nagri tuwan tanah Jawa ||

79. ri sampuning maos tulis | sang nata èmêng ing driya | miyarsa sêrat ungêle | mila dahat èmêngira | de bituwah tan ana | adat panjênêngan ratu | kang têdhak dhatêng Samarang ||

80. wus tinarima ing galih | dhumatêng sri naranata | lamun Kumpêni sêdyane | ambeka pikir kewala | dadya duka ing nala | sang nata nanging sinamun | nuntên umatur kumêndhan ||

81. dhumatêng sri narapati | lah tuwan kados punapa | sêrat punika raose | pangandikanya sang nata | iya iki uninya | apan panjênêngan ingsun | pinrih têka ing Samarang ||

82. dèn ajak arêmbug pikir | gawe mupakat kang anyar | muguhmungguh. pagawean kiye | sauwise ing apêrang | kumêndhan aturira | inggih tuwan [tuwa...]

--- 30 : 33 ---

[...n] ungêlipun | sêrat kang dhatêng kawula ||

83. inggih sapunika malih | sakêcap botên asiwah | atur kawula sang katong | kula wastani kewala | komasaris punika | tiyang tan wruh nglêrês tuhu | kados punapa têmahnya ||

84. panjênêngan padukaji | yèn têdhaka mring Samarang | pan botên wontên adate | panjênênganing narendra | kang têdhak mring Samarang | angandika sang aprabu | kumêndhan sakèhe iya ||

85. môngsa bodhoa sirèki | bab angsul-angsuling layang | kang marang komasarise | kumêndhan umatur sigra | yèn suwawi sang nata | lêng komasaris pukulun | dhatênga ing Kartasura ||

86. pêpanggiha lan narpati | nuntên age wêkasana | sakathahe kang wiraos | inggih sanadyan damêla | mupakat ingkang anyar | sampun kathah-kathah wau | dados pikir sang narendra ||

87. angandika sri bupati | iya Si Surawiguna | sira ajaka dèn age | mring loji dimène karya | layang wêwangsulira | kang mring komasaris iku | Surawiguna binêkta ||

88. mring loji akarya tulis | wêwangsul kang mring Samarang | dene ungêle sêrate | komasaris pan pinêksa | lêga botên lêgaa | sampun tan botên lumaku | minggah dhatêng Kartasura ||

89. sampuning dadya kang tulis | linampahakên saksana | dhatêng Samarang jujuge | mring komasaris samana | dupi atampi sêrat | komasaris sukèng kalbu | lir amanggih guladrawa ||

--- 30 : 34 ---

186. Komasaris ing Samarang sowan dhatêng Kartasura badhe damêl mupakatan enggal kalihan ingkang sinuhun

221. Dhandhanggula

1. kawarnaa tuwan komasaris | duk kadhawuhan sêrat narendra | asmu suka ing manahe | srat tinupiksa sampun | wus kadriya raosing tulis | komasaris saksana | atur srat wêwangsul | dhumatêng ing Kartasura | kawarnaa samana sri narapati | antarane kang sêrat ||

2. kesahipun dawêg pitung latri | nuntên komasaris ingkang sêrat | wêwangsul kang prapta malèh | konjuk ing sang aprabu | têdhak nata dhatêng Samawis | mungêl lamun pinêksa | kangjêng sang aprabu | têdhaknya dhatêng Samarang | adamêla mupakat kang anyar nênggih | padamêlan punika ||

3. padamêlan sampuning ajurit | inggih darapon nuntên mulyaa | nagri Jawi sakathahe | ya ta sasampunipun | sri narendra amaos tulis | kumêndhan aturira | dhatêng sang aprabu | kadospundi karsa nata | mangkya saking pamêksane komasaris | dhatêng paduka nata ||

4. yèn tan kalêganana manawi | komasaris dados manahira | dening mangke sakathahe | Kumpêni kawasèku | kasrah dhatêng ing komasaris | nanging atur kawula | mênggah sang aprabu | yèn upami klampahana | paduka nata têdhak dhatêng Samawis | kalangkung dening susah ||

5. punika yèn marêngi karsaji | komasaris purun tan puruna | lêhêng pinêksa [pi...]

--- 30 : 35 ---

[...nêksa] inggahe | dhatêng Kartasurèku | de sapikir-pikirirèki | suwawi linêganan | inggih pamrih ulun | darapon enggal rampunga | sampun kathah akathah dados sêtori | inggih sakathahira ||

6. yèn atur saking kumêndhan mangkin | sang nata anglêgani kewala | datan koninga yêktine | yèn kumêndhan turipun | mring sang nata tansah piranti | ning kalêpatanira | andika sang praguprabu. | amung pênêde punika | mênggah Kumpêni sapakaryanirèki | tan purun amisesa ||

7. amung yèn wontên kalêpataning | pangandikanira sang narendra | punika ginitikake | ri sampuning arêmbug | nuntên Ki Surawigunèki | tinêdah akaryaa | kang sêrat wêwangsul | mring komasaris wus dadya | ponang surat linampahakên tumuli | mring nagri ing Samarang ||

8. sawingkingira kang ponang tulis | nulya kumêndhan wau ngandikan | sapraptaning ngarsa rajèng | gya kumêndhan tinantun | kaya ngapa pikirirèki | kumêndhan rèhning ingwang | pinrih têka ingsun | marang nagri ing Samarang | kaya ngapa kumêndhan nulyangling aris | umatur ing sang nata ||

9. kawula nuhun duka narpati | yèn amarêngi karsa narendra | mênggah dening pamêksane | sudara sang aprabu | komasaris dhatêng narpati | inggih atur kawula | tuwan pênêdipun | paduka aputusana | tur uningga inggih dhumatêng pun kaki | tuwan gurnadur jendral ||

10. inggih darapon wontêna ugi | ingkang parentah

--- 30 : 36 ---

pun kaki jendral | dhatêng pun komasarise | dèn ampaha puniku | komasaris gènnya ngaturi | têdhak dhatêng Samarang | kangjêng sang aprabu | sarta lawan mupakata | kang parentah pun kaki lan sakathahing | para rad pan indiya ||

11. sakalangkung lêga tyas narpati | ngaturan mring kumêndhan mangkana | sang nata sigra dêlinge | iya ajakên iku | Kapitan Surawigunèki | mring loji akaryaa | iya layang ingsun | saksana kumêndhan mêdal | saking pura lan Surawigu prapti |Kurang satu suku kata: saking pura lan Surawiguna prapti. ing loji karya surat ||

12. kang kinarya sêrat sampun dadi | kang rumiyin dhatêng tuwan jendral | sêrat kang satunggal malèh | mring komasarisipun | ungêlipun kang ponang tulis | apan suka pratela | lamun sang aprabu | kintun sêrat mring kang eyang | dhatêng kangjêng tuwan jendral ing Bêtawi | sarta anakanira ||

13. anakan srat kang dhatêng Batawi | pinratelakkên saungêlira | dhumatêng komasarise | srat tinampakkên sampun | wau dhatêng nagri Samawis | sapraptaning Samarang | pan tinampan sampun | mring komasaris samana | dening sêrat ingkang dhatêng ing Batawi | linajêngakên sigra ||

14. inggih dhatêng tuwan komasaris | wontêndening sêrat kang anakan | anulya tinupiksage | mring komasaris sampun | sakalangkung lêga ing galih | komasaris miyarsa | sêrat ungêlipun | sêrat ingkang dhatêng jendral | ri sampuning mangkana antawisnèki | sawulan laminira ||

--- 30 : 37 ---

15. nuntên sêrat kang saking Batawi | angsul-angsulira tuwan jendral | prapta konjuk ing sang rajèng | sarta kang srat wêwangsul | ingkang saking ing komasaris | pan sarêngira prapta | konjuk ing sang prabu | anulya gya tinupiksa | sêrat saking gurnadur jendral Batawi | pan mungêl sapunika ||

16. mungêl yèn sampun dèn parentahi | komasaris dhatêng tuwan jendral | kinèn minggaha sirage | dhatêng Kartasurèku | pêpanggiha lan sri bupati | pan kinèn akaryaa | mupakating rêmbug | nênggih mupakating anyar | padamêlan sasampunira ajurit | sampuning maos sêrat ||

17. sakalangkung lêga tyas narpati | anupiksa wiraosing surat | ingkang saking Batawine | anulya sêratipun | komasaris tinupiksaglis | dhumatêng sri narendra | kang srat ungêlipun | apan ngaturi uninga | lamun arsa minggah tuwan komisaris | dhatêng ing Kartasura ||

18. asowan dhatêng sri narapati | sawab pasowan kula punika | inggih saking parentahe | ingyangingkang. nata gurnadur | jendral lawan para radpêni | diya ing Batawiyah | sadaya arêmbug | inggih kawula punika | kriyin-kriyin pinarentahana kadi | kula sampun lumampah ||

19. mring Kartasura sampun apanggih | lan nata nuntên damêl mupakat | kang anyar nuntêna age | inggih kamulyanipun | nagri nata ing tanah Jawi | nanging mangke kawula | inggih dawêg atur | srat malih mring tuwan [tu...]

--- 30 : 38 ---

[...wan] jendral | tamtunipun inggih kawula ing mangkin | dhatêng ing Kartasura ||

20. lan manawi wontêna amalih | ingkang manawi pun kaki jendral | dening manawi benjinge | inggih kawula antuk | srat wêwangsul saking Batawi | inggih benjang kawula | paduka akintun | sêrat dhatêng sri narendra | ri sampuning tinupiksa ingkang tulis | nuntên srat winangsulan ||

21. wontêndening wêwangsul narpati | ungêling sêrat apan mangkana | mung dahat tarima kasèh | saking pracayanipun | komasaris dhatêng narpati | ri sampuning mangkana | ing antawisipun | kesahe wêwangsul nata | mring Samarang antawis satêngah sasi | komasaris anulya ||

22. angaturi sêrat mring narpati | ungêlipun ngaturi uninga | yèn nuntên badhe inggahe | dhatêng Kartasurèku | inggih wulan Saban puniki | angandika sang nata | mring kumêndhan sampun | kapitan pêpoyanana | Si Pringgalaya konên amarentahi | sikêpe rupakêna ||

23. kang badhe mapag marang Samawis | yèn wis rupa gya dèn angkatêna | kumêndhan anulya age | mêdal saking pura wus | praptèng jawi wus marentahi | mring Radèn Pringgalaya | satimbalan prabu | sigra Radèn Pringgalaya | wus amarentahi mring wadana sami | ngrupakêna sikêpnya ||

24. nuntên asikêp sampun awarni | sigra binudhalakên lampahnya | dhatêng Samarang sirage | ya ta ingkang winuwus | ingkang wontên nagri

--- 30 : 39 ---

Samawis | komasaris saksana | pêparentah sampun | dhatêng priyayi sadaya | ing pasisir kang cêlak nagri Samawis | ingkang badhe binêkta ||

25. sowan dhatêng ing Kartasurèki | myang sagung priyayi Kartasura | kang anèng ing Samawise | pinarentahan sampunya |Lebih satu suku kata dan salah guru swara: pinarentahan sampun. lamun arsa binêkta sami | mantuk mring Kartasura | sarêng lampahipun | komasaris inggahira | mring Kartasura ingkang dèn parentahi | Kyai Tirtawiguna ||

26. dening Kyai Suradipurèki | apan sampun pêjah nèng Samarang | myang Dyan Wiryadiningrate | dhunikapunika. ingkang kantun | lan Kyai Tirtawigunèki | dening para santana | sakawan gungipun | kang sami wontên Samarang | kêkasihe Pangeran Amangkubumi | lawan Pangeran Rôngga ||

27. katiga Pangran Silarong nênggih | sakawan Pangeran Prangwadana | sampuning samêkta kabèh | sarta wus sami rawuh | sikêp saking Kartasurèki | ingkang mêthuk sambatan | sakêpalanipun | sigra komasaris mangkat | ing Samarang saha kurmat mriyêm muni | jumêgur bal-ambalan ||

28. tan winarna laminirèng margi | kawarnaa wong ing Kartasura | karya pamondhokanane | komasaris bok rawuh | mondhok ing pakêbon kang lami | anuntên dutanira | komasaris rawuh | apan ngaturi uninga | yèn mangke dalu sipêng ing Bayalali | komasaris lampahnya ||

29. inggih praptanipun benjing-enjing | ing Kartasuntên sigra [si...]

--- 30 : 40 ---

[...gra] kumêndhan | malêbêt ing pura age | atur uningèng prabu | lamun prapta ing benjing-enjing | komasaris lampahnya | ngandika sang prabu | hèh kumêndhan iya ingwang | besuk-esuk mapag ing Banyudanèki | lah undhanga ing jaba ||

30. kabèh undhangana wadya mami | miwah mantri padha asaosa | anèng ing pagêlarane | kumêndhan mêdal sampun | saking pura prapta ing jawi | wadya wus ingundhangan | nuntên enjingipun | wus pêpak nèng pagêlaran | wadya saos sigra miyos sri bupati | lajêng budhal lampahnya ||

31. mêthuk dhatêng Toyadana prapti | ing Toyadana lagya pinarak | sang nata nuntên ature | kumêndhan mring sang prabu | yèn suwawi lan karsa aji | luhung gusti lajênga | lampah sang aprabu | mring kêbon dalêm punika | agênga kang tarima pun komasaris | dhumatêng sri narendra ||

32. kumêndhan kadhahar turirèki | nuntên sang nata lajêng lampahnya | mring kêbon dalêm sirage | wau sapraptanipun | kêbon dalêm tan wontên kèksi | komasaris lampahnya | nanging sang aprabu | lajênge ing lampahira | sakathahe upacantêning narpati | tinilar Toyadana ||

33. dangu nèng kêbon dalêm narpati | tita ingantos datan katingal | komasaris ing praptane | ngaturan malih laju | mring kumêndhan sri narapati | dhatêng ing Majasanga | ing sapraptanipun | sang nata ing Majasanga | tan adangu anulya sira

--- 30 : 41 ---

kaèksi | komasaris praptanya ||

34. saya cêlak waspaos ningali | komasaris dhumatêng sang nata | anulya tumurun age | saking ing kudanipun | malajêngi dhatêng sang aji | atur salamêt sira | saha tabenipun | dhumatêng sri naranata | wus pinarak sakêdhap sang sri bupati | lan komasarisira ||

35. komasaris matur ing narpati | aturira ngaturi uninga | mring nata lamun ing mangke | rayi paduka prabu | Pangran Arya Amangkubumi | lawan Pangeran Rôngga | lawan malihipun | Pangran Silarong kalawan | Pangran Prangwadana sakawannya nênggih | sami sarêng kabêkta ||

36. mangke konjuka ing sri bupati | miwah punggawa paduka nata | kalih konjuka sang rajèng | sang nata ngandikarum | inggih tuwan tarima kasih | nulya sami ngandikan | para ari prabu | sapraptaning ngarsa nata | para ari sakawan samya ngujungi | dhatêng raka narendra ||

37. ri sampuning mangkana anuli | budhal saking dhusun Maossanga | sang nata sigra lampahe | praptèng Toyadanèku | wus pinarak sri narapati | jajar kalawan sira | komasaris lungguh | Igopêrisêl namanya | komasaris tan adangu nulya prapti | nulya mundhut dhadharan ||

38. myang inum-inuman datan kari | sasampunnya adhahar dhadharan | tan adangu gya budhale | saking Toyadanèku | prapta nagri Kartasurèki | tan kandhêg pagêlaran | lajêng angadhatun | komasaris [ko...]

--- 30 : 42 ---

[...masaris] lampahira | lajêng umiring malêbêt ing jro puri | sapraptaning jro pura ||

39. komasaris anulya apanggih | lan kangjêng ratu agêng saksana | ngaturi salamêt age | sampun pinarak wau | sri narendra lan komasaris | gya kang warni dhadharan | linadoskên sampun | sasampuning dangu lênggah | komasaris anuntên pamit narpati | mêdal mring pamondhokan ||

40. pamondhokan pakêbonan lami | nuntên ingkang warni sêsaosan | sêkul kalawan ulame | kabêktakakên sampun | dhatêng pondhoknya komasaris | wau sapraptanira | pamondhokanipun | lajêng samya dhêdhaharan | komasaris lan Ki Tirtawigunèki | myang Dyan Wiryadiningrat ||

41. sasampuning adhêdhahar sami | sigra apamit Tirtawiguna | lan Dyan Wiryadiningrate | mring komasaris wau | sami mantuk wismanirèki | nanging kala samana | Dyan Pringgalayèku | nuju sangêt sakitira | nanging kala samana kumêndhan nuli | matur ing sri narendra ||

42. angaturi rêmbag ing narpati | yèn amarêngi lan karsa nata | lah tuwan mumpung ing mangke | sudara sang aprabu | komasaris wontên ing ngriki | lêhêng nuntên damêla | pêpatih sang prabu | lamun sambada ing karsa | sri narendra damêla pêpatih kalih | kiwa Tirtawiguna ||

43. têngênipun Dyan Pringgalayèki | lêlampahannya Dyan Pringgalaya | yèn suwawi lan sang rajèng | kagêntèna puniku | mring Dyan Wiryadiningrat [Wiryadining...]

--- 30 : 43 ---

[...rat] nênggih | ingkang anggêntosana | Dyan Pringgalayèku | de Radyan Wiryadiningrat | lampahannya kang prayoga anggêntosi | inggih pun Rêksapraja ||

44. sri narendra angandika aris | iya rêmbag ingsun aturira | kumêndhan ing besuk Sênèn | iya sudaraningsun | komasaris undangên aglis | malêbua ing pura | èstrènana besuk | goningsun apêparentah | besuk Sênèn ingsun akarya pêpatih | kumêndhan aturira ||

45. yèn suwawi lan karsa sang aji | luhung paduka aputusana | inggih punika pênêde | matêdhanana wêruh | mring sudara paduka aji | komasaris punika | de sakathahipun | prakawis inggih kawula | kang mratelakakên dhatêng komasaris | sigra Kyai Tohjaya ||

46. ingkang dinuta dhatêng narpati | dhatêng komasaris pondhokira | sapraptane pondhok age | andhawuhakên sampun | tabe nata mring komasaris | sarta angsung wruh sira | lamun sang aprabu | benjing Sênèn aparentah | sri narendra akarya pêpatih kalih | kiwa Tirtawiguna ||

47. ingkang têngên Dyan Pringgalayèki | dening kang gêntosi Pringgalaya | Radèn Wiryadiningrate | dadya wadananipun | mantri agêng de kang gêntosi | mantri panumpingira | kang wadananipun | kang awasta Rêksapraja | benjing Sênèn paduka dipun aturi | mring kangjêng sri narendra ||

48. inggih tuwan [tu...]

--- 30 : 44 ---

[...wan] kinèn anjênêngi | ênggènipun benjing pêparentah | sudara tuwan sang rajèng | komasaris amuwus | amangsuli tarima kasih | saking sih pracayanya | sang nata maringsun | kalawan tabe manira | aturêna Tohjaya maring narpati | Tohjaya wus pamitan ||

49. sampuning mangkana ya ta prapti | dintên Sênèn komasaris sigra | asowan manjing purane | panggih lawan sang prabu | atur salamêt komasaris | sang nata angandika | komasaris ulun | apan arsa aparentah | karsa manira damêl pêpatih kalih | pan Si Tirtawiguna ||

50. ingkang manira damêl pêpatih | ingkang kiwa de Si Pringgalaya | manira gawe têngêne | pêpatih kalihipun | dene ingkang badhe gêntosi | inggih Si Pringgalaya | kawêdananipun | apan Si Wiryadiningrat | wadanane panumping kang anggêntosi | inggih pun Rêksapraja ||

51. wontêndene ingkang anggêntosi | lêlakone Si Tirtawiguna | ingkang badhe gêgêntose | pun Surawigunèku | kang gumanti amadanani | ing wong gêdhong sakiwa | ya ta aturipun | komasaris mring narendra | langkung pênêd punika saking sang aji | inggih nuntên wontêna ||

52. ingkang amarentahi wadyaji | inggih sampun kangjêng sri narendra | kongsi pêparentah dhewe | awon ing tingalipun | ri sampuning arêmbug nuli | sang nata sigra têdhak | saking lêgahipunlênggahipun. | apan miyos [mi...]

--- 30 : 45 ---

[...yos] siniwaka | wiyosipun akalihan komasaris | prapta ing pagêlaran ||

53. wus pinarak nèng bangsal pangrawit | sri narendra siniwakèng wadya | myang komasaris jajare | pêpak kang punggawagung | miwah sakwèhing para mantri | andhèr ing munggwing ngarsa | alinggih tumungkul | mangrêpa munggwing pratala | mukanira sadaya konjêm ing siti | sang nata angandika ||

54. dhatêng sagunging punggawa mantri | hèh sakwèhe iya wadyaningwang | padha ngèstokêna kabèh | marang parentah ingsun | yèn mêngko Si Pringgalayèki | lan Si Tirtawiguna | mêngko karo iku | padha sun kulawisudha | ingsun junjung lungguhe têka ing siti | sun sêngkakkên ngakasa ||

55. karo padha sun karya pêpatih | Si Pringgalaya kang ingsun karya | pêpatihngong panêngêne | Si Tirtawigunèku | ingsun karya pêpatih mami | iya ingkang pangiwa | sun sungi jêjuluk | sarta angaliha aran | ajênênga ing mêngko Sang Adipati | Sindurêja namanya ||

56. dening Si Pringgalaya sun alih | jêjuluke mêngko ajênênga | Dipati Pringgalayane | de kawêdananipun | mantri gêdhe kang anggêtènianggêntèni. | ya Si Wiryadiningrat | gumantia iku | dening Si Wiryadiningrat | kang wadana panumping kang anggêntosi | iya Si Rêksapraja ||

57. sarta ajênênga iku mangkin | iya Tumênggung Kartanagara | dening Si Sindurêjane | ing kawêdananipun | Surawiguna kang gêntèni |

--- 30 : 46 ---

ana ing gêdhong kiwa | ajênênga iku | Tumênggung Tirtawiguna | sasampuning mangkana punggawa mantri | wus ngèstokkên sadaya ||

58. sigra têdhak ing bangsal pangrawit | sang nata mantuk kondur ngadhatyan | sapraptane dalêm gêdhe | komasaris tan kantun | ri sampuning samya alinggih | komasaris saksana | pamit ing sang prabu | mêdal saking dalêm pura | mantuk dhatêng pamondhokan kêbon lami | tan kawarna laminya ||

59. kawarnaa kang pêpatih kalih | pagriyanira sampun tinata | Dipati Sindurêjane | kinèn ngênggèni sampun | pagriyane Danurêjèki | de Radyan Adipatya | Pringgalaya sampun | ngênggèni Kartanêgaran | ing Kalitan prênahe wismanirèki | sasampuning mangkana ||

60. pra santana kang saking Samawis | sami kinèn wangsul mantuk sira | mring dalême dhewe-dhewe | de kang satunggilipun | sira Pangran Amangkubumi | nêdha pemahanira | Jayasudirgèku | samana sampun kalilan | mring sang nata Pangeran Amangkubumi | dalêm Kajasudirgan ||

61. duk samana tuwan komasaris | UgopêrisêlIgopêrisêl. apan akarsa | malêbêt ing dalêm gêdhe | apanggih lan sang prabu | ngêsahakên sagung prakawis | pan wus atur uninga | dhatêng sang aprabu | sang nata sampun cêcadhang | komasaris anuntên dipun timbali | malêbêt ing jro pura ||

62. sapraptanira ing dalêm puri | komasaris sampun ingandikan | mring kêbone ratu

--- 30 : 47 ---

gêdhe | wau sapraptanipun | nuntên sami atata linggih | anèng ing pakêbonan | nira ratu agung | tan adangu nulya prapta | sêsaosan dhadharan kang adi-adi | wus sumaos ing ngarsa ||

63. pêpatih kalih wus dèn timbali | manjing pura Radyan Pringgalaya | myang Kyai Sindurêjane | pra santana tan kantun | sira kangjêng pangran ngabèi | lan Pangran Buminata | wus munggwing ing ngayun | munggwing kursi pan ajajar | lan upêsir dening kang pêpatih kalih | mangrêpa nèng pratala ||

64. komasaris anulya sirangling | pan amangun karya prajangjêyan | karya mupakat anyare | sasampuning prang pupuh | kang kinarya pangajêng linggih | kalamun lampahira | ing sapraptanipun | nagara ing Kartasura | dhatêngakên pangapuraning Kumpêni | dhatêng sri naranata ||

65. ingkang mijil saking ing pamêling- | ngiraira. tuwan jendral ing Jakarta | sarta lawan mupakate | pra rad pan indiyèku | mungguh panjênêngan sang aji | sagunging prakaranya | kang salah rumuhun | miwah Kumpêni salahnya | mring wong Jawa sadaya linêbur sami | wus tan kêna ingucap ||

66. dening panjênênganing narpati | Kumpêni tan nêdya ngowahana | saking ing panjênêngane | ingkang eyang rumuhun | Susunan Pakubuwanèki | tumêdhak mring kang putra | kang rama sang prabu | tumêrah dhatêng sang nata | pan Kumpêni tan sêdya ngowahi malih | satêdhak-têdhakira ||

67. kang jumênêng nata tanah Jawi | tan lyan saking têdhaknya [tê...]

--- 30 : 48 ---

[...dhaknya] sang nata | kang madêg nata ing têmbe | nanging Kumpêni wau | panêdhane dhatêng sang aji | apan ta sinanggêman | dhatêng sang aprabu | pramilanya sinanggêman | mring sang nata panêdhèngirèng Kumpêni | karsanya sri narendra ||

68. dening Kumpêni darbe prajangji | mring sang nata mênggah panjênêngan | nira sang nata miyose | Kumpêni pan asanggup | mulyakêna kados ing nguni | miwah ingkang nagara | pasisir sadarum | ingkang sami karawatan | mring Kumpêni duk kala môngsa ajurit | Kumpêni pan asagah ||

69. ngunjukakên mring sang nata malih | inggih sasampune ing apêrang | sang nata angèstokake | Kumpêni jangjinipun | ingkang mijil sing komasaris | sakathahing prakara | sasampuning rampung | komasaris pamit sigra | mring sang nata wus mêdal saking jro puri | mantuk mring pondhokira ||

70. komisaris sampun karya tulisya |Lebih satu suku kata: komisaris sampun karya tulis. prajangjêyan konjuk mring sang nata | ri sampun konjuk surate | datan antara wau | komasaris asowan malih | dhumatêng sri narendra | pamit sowanipun | mring sang nata wus linilan | samana komasaris wus angaturi | salamêt mring sang nata ||

71. saundurira ing ngarsa aji | komasaris uwus asamêkta | sabêbêktanira mulèh | saha kangjêng sang prabu | wus nyaosi kang wadya alit | sikêp ingkang bêbêkta | myang pangiridipun | ing sikêp mantri tinêdah | tan antara sigra budhal komasaris | mantuk dhatêng Samarang ||

--- 30 : 49 ---

187. Pangeran Mangkubumi sagêd ngrêbat tanah Sukawati

72. kathah tinilar wadya Kumpêni | kang ajaga nagri Kartasura | pan kumêndhan têtindhihe | kawarnaa kang kantun | sakathahe wadya Kumpêni | kang anèng Kartasura | jaga ing sang prabu | dhatêngakên rêsahira | dening wadya kang nôngga têdha Kumpêni | miwah kang nandhang karya ||

73. pan asangêt repotipun sami | kathah morot tiyang alitira | Kumpêni sangêt rusuhe | sakathahe wong ngindhung | myang sudagar têlas angili | miwah wong pakambêngan | ing saurutipun | wong Sêndhang Gumpang sadaya | pan ngalêmpak saksana binakta mijil | ing Kajayasudirgan ||

74. angyom dhatêng Pangran Mangkubumi | saking jrihira dene arêsah | saking Kumpêni polahe | dalu ajrih tinukup | dadya Pangran Amangkubumi | sangêt susah ing nala | samana amuwus | dhumatêng ing wadyanira | sakathahe wadya kang saos ing ngarsi | samya tinantun sira ||

75. ngandikanya Pangran Mangkubumi | kapriye iki dene nagara | kaya mangkene tatane | apa bêtah sirèku | ênggonira ngadhêp ing mami | mangkana aturira | wau kang tinantun | bêndara kados punapa | angsal sagêd kados makatên puniki | Kumpêni polahira ||

76. angandika Pangran Mangkubumi | alah iya yèn mangkono sira | supama ing supamine |

--- 30 : 50 ---

ingsun duwêa tuduh | awèh prênah marang sirèki | apa padha milua | sira marang ingsun | kang tinantun unjukira | saur pêksi kados botên sagêd gusti | kantun dhatêng sampeyan ||

77. sapurug-purug paduka gusti | kados sami umiring sadaya | nadyan katilara anggèr | kados tan wontên purun | sigra Pangran Amangkubumi | nuntên sigra putusan | mring Martapurèku | mangkana wêwêlingira | dhatêng duta sira têmua pribadi | lan paman Martapura ||

78. saking ora bisaningsun iki | ing mêngko ana ing Kartasura | ingsun anjaluk prênahe | duta umêsat sampun | saking ngarsa lampahnya prapti | ngarsanya Martapura | tumulya umatur | duta mring Dyan Martapura | aturira sapitungkase ing gusti | sampun katur sadaya ||

79. mring sira Radyan Martapurèki | saurira Radyan Martapura | lah ênggèh duta dèn age | umatura sirèku | mring Pangeran Amangkubumi | sokur têmên manira | yèn kadya puniku | karsane kangjêng pangeran | dhasar manira arêp-arêp alami | karsane kang mangkana ||

80. manirarsa utusana ajrih | bilih dede pangeran kang karsa | wontên ta dene ing mangke | yèn sêmbada ing kayun | pangeran manira aturi | lolosing Kartasura | jujuga ing Butuh | dening lamun sampun prapta | desa Butuh dening manira ing benjing | kongkonan mring pangeran ||

81. angaturi papan kang prayogi | duta mêsat saking [sa...]

--- 30 : 51 ---

[...king] ngarsanira | Martapura duta age | ginêlak lampahipun | sampun prapta Kartasurèki | cundhuk lawan pangeran | tumulya umatur | duta mring kangjêng pangeran | ngaturakên Martapura kang wêwêling | dhatêng kangjêng pangeran ||

82. katarima sawêlingirèki | Martapura nuntên jêng pangeran | wus samêkta sawadyane | agya lolos ing dalu | udakawis ingkang angiring | pangeran lolos sira | wontên tiyang satus | sawarnanipun têtiyang | jalu èstri agêng alit kang umiring | ing Butuh sampun prapta ||

83. kawarnaa wau kang ing wingking | salolosira kangjêng pangeran | dupi miyarsa wartine | rahadyan dipatyèku | Pringgalaya lawan sirèki | Dipati Sindurêja | sapamirsanipun | kalamun Kangjêng Pangeran | Mangkubumi lolos kalanya ing latri | nulya Dyan Pringgalaya ||

84. lawan Dipati Sindurêjèki | nulya sami utusan mariksa | angyêktosakên lolose | sampuning yêktos wau | yèn Pangeran Amangkubumi | lolos ing dalu sira | tumulya agupuh | sami ngaturi uninga | patih kalih dhumatêng sri narapati | andikaning narendra ||

85. ya ta kapriye gon angawruhi | pae si uwong kang kinunjara | agampang ing pangrêksane | kaya mangkono iku | yêkti ewuh gon angrawuhi | wau kang kawarnaa | Ki Martapurèku | apan ta sampun miyarsa | lamun mangke Pangeran Amangkubumi | sampun [sampu...]

--- 30 : 52 ---

[...n] wontên ing Bêtah ||

86. sigra lumampah dutaniraji | Martapura amêthuk pangeran | sarya ngaturi prênahe | kang ingaturkên wau | dhatêng Pangran Amangkubumi | dhusun ing Jatitêngah | ing sarawuhipun | ngaturan masanggrahana | nanging piyambakira Martapurèki | tan purun pêpanggiha ||

87. lawan Pangeran Amangkubumi | Martapura sing prayitnanira | manawi tan sayêktine | pangeran pênêdipun | Martapura sampun anuding | ingkang baurêksaa | ing sadhaharipun | dhumatêng kangjêng pangeran | apan tumênggung pêpacakanirèki | sira Dyan Martapura ||

88. kêkalih namane kang satunggil | sira Tumênggung Suradigdaya | têtiyang Jatitêngahe | ingkang satunggilipun | ran Tumênggung Sôntarêjèki | tiyang Gogang Galungan | apan kalihipun | sami êca manahira | sawab sami dèn agêngkên tyasirèki | dhatêng kangjêng pangeran ||

89. dadya sami kapencut ningali | tiyang kambêng kathah asuwita | mring Pangran Mangkubumine | dupi akathah wau | tiyang kambêng ingkang angabdi | nuntên pinundhut sira | wong kalang sadarum | dhumatêng kangjêng pangeran | Martapura apan ngaturakên nuli | tiyang kambêng sadaya ||

90. dadya ambyuk wong kambêng sakèhing | mring Pangran Mangkubumi sadaya | samana nuntên mantune | Radyan Martapurèku | nama Dyan Suryanagarèki | Mas Suwandi alitnya | namanya kang sunu | Rahadyan Ônggakusuma | Buminatan gènira apacak baris |

--- 30 : 53 ---

anèng ing Pajambean ||

91. Suryanagara dupi miyarsi | yèn tiyang kambêng ngaturkên samya | mring Pangran Mangkubumine | nulya lumampah gupuh | sira Ki Suryanagarèki | marang dhusun Sumbêran | arsa gadhah atur | mring ramanya maratuwa | sarêng panggih lan rama Martapurèki | tan kongsi matur sira ||

92. kakriyinan Martapura angling | hèh kulup mangko wêruhanira | wong kalang iki sakèhe | mêngko padha pinundhut | mring Pangeran Amangkubumi | ya ta Suryanagara | matur ramanipun | sangêt panuwun kawula | dene têtiyang kambêng punika nguni | kacakar saking wangwa ||

93. ing mangke dawêg atarub sami | inggih nuntên apatêdhakêna | dhatêng ing sira sang wonge | punapa pênêdipun | Martapura sira nauri | lah kulup kaya ngapa | iya wus katrucut | ujar ingsun mring pangeran | kayapriyê ênggon ingsun ambalèni | matur Suryanagara ||

94. inggih sampeyan kèndêl rumiyin | kula kang dados awon-awonan | anulya apamit age | Ki Suryanagarèku | ing ngarsane Martapurèki | lajêng mring Jatitêngahada pergantian pada (pergantian bait). | mring panggenanipun | Pangeran Amangkubumya | dipun dhèrèk kêkapalan kalih biting | praptaning Jatitêngah ||

95. pan anjujug ing pondhokirèki | tiyang kambêng Ki Suryanagara | wus rinayah sadarbèke | têtiyang kambêng wau | dhatêng Ki Suryanagarèki | dening têtiyangira | ginêbugan sampun | ingkang kacandhak binêkta |

--- 30 : 54 ---

kagyat ing tyas Pangeran Amangkubumi | pinarêkan pandhapa ||

96. Suryanagara lampahirèki | lajêng malêbêt sampun apanggya | lan Pangran Mangkubumine | Suryanagara muwus | jêng pangeran sampyan puniki | inggih kados pupapapunapa. | de sawarninipun | têtiyang kambêng punika | têka sami sampeyan irup puniki | pangran pangandikanya ||

97. ora ngirup-irup reyang adhi | pan wus reyang jaluk rama para | si paman Martapurane | lawan maninge ingsun | ora sêja mangkono adhi | lah ora liwat ingwang | jaluk bae ingsun | padhodhokan rama para | iya saking ora bisa reyang adhi | ana ing Kartasura ||

98. Suryanagara angling nauri | sampeyan punika dèrèng pira | andang ngungkurakên age | mring têtiyang puniku | lajêng mantuk Suryanagari | apan datan pamitan | ing sawingkingipun | mantuk Ki Suryanagara | sakalangkung Pangeran Amangkubumi | sakit ing manahira ||

99. nuntên pangran sira ngandikaglis | dhatêng Tumênggung Suradigdaya | Tumênggung Sôntarêjane | unjuke kang tinantun | yèn wontêna karsa jêng gusti | kawula dèrèng ngrasa | kawon yêktinipun | dhatêng pun Suryanagara | miwah dhatêng ing pun Martapura gusti | dèrèng ing raos kalah ||

100. Pangeran Mangkubumi sigrangling | yèn mangkono sakèhe wong kalang | kang padha ala atine | kang dèn rayah ing dangu | padha kalumpukêna aglis | ri sampuning

--- 30 : 55 ---

ngalêmpak | wau duk angrungu | sira Ki Suryanagara | yèn pangeran angumpulakên ing dasih | wong kalang wêwingkingan ||

222. Pangkur

1. wau ing Suryanagara | sigra ngêpak dêdamêling ajurit | kêkapalan kathahipun | gangsal atus wus pêpak | sawarnining dêdamêl myang dharatipun | tigang èwu mapan ana | sigra umangkat tumuli ||

2. Tumênggung Suradigdaya | lawan Ki Tumênggung Sôntarêjèki | ngaturi uninga sampun | dhatêng sira Pangeran | Mangkubumi nulya angandika asru | lah kayapa karêpira | umatur tumênggung kalih ||

3. yèn antuk lila paduka | inggih kawula yèn mêthuk ing jurit | nanging paduka pukulun | kulaturi wontêna | pasanggrahan kemawon sampun amêthuk | Pangran Mangkubumi mojar | iya sun turut sirèki ||

4. nanging ta wêwêkas ingwang | sira karo wadhapadha. dèn ngati-ati | ki tumênggung kalih wau | sigra parêng umangkat | sadêdamêlira wong kambêngan kantun | tan sêdya wontên lumaywa | sigra anulya apanggih ||

5. kalawan dêdamêlira | wong Kasuryanagaran samya wani | aramya campuh prangipun | bêdhil-binêdhil samya | apan datan wontên ingkang sêdya mundur | dadya arukêt prangira | tumbak-tinumbak tan gingsir ||

6. tiyang Kasuryanagaran | kathah pêjah sakantune kang mati | anulya sami lumayu | datan môngga puliha | pan binujêng linud dhatêng pondhokipun | anulya sami rinayah | pondhok lajêng

--- 30 : 56 ---

dèn obongi ||

7. wau sakèhing wong kalang | ingkang sami sakit manahirèki | wus sami sewotênipun | sami ngajak lajênga | mring Sumbêran anggitik mring pondhokipun | Martapura ingunggahan | dening ki tumênggung kalih ||

8. sarêng ingajak lajênga | dhasar purun wontên ingingirihi | nuntên sira ki tumênggung | kalih damêl tarekah | gandera bandhangan pan binabar sampun | lumampah munggwing ing ngarsa | myang bandhangan songsongnèki ||

9. songsongnya Suryanagara | kang kabandhang nulya ingangge aglis | marang sira Ki Tumênggung | Suradigdaya enggal | prapta ing Sumbêran têpis iringipun | ya ta wong Kamartapuran | sarêng wruh nyananirèki ||

10. dèn nyana dêdamêlira | wong Kasuryanagaran ingkang prapti | tan wontên kagyat tyasipun | eca-eca kewala | dupi cêlak sarêng ambêdhili gupuh | lajêng angamuk sadaya | tandangnya apulih gêtih ||

11. gugup wong Kamartapuran | datan kongsi nyandhak dêdamêl sami | kasêlak ajrih ingamuk | dadya mawut kewala | rêbat para gènira sami lumayu | wontêndening Martapura | lumajêng angungsi wukir ||

12. dening pamondhokanira | pan rinayah lajêng dipun obongi | sasampuning sirna wau | pondhok Kamartapuran | ki tumênggung kalih apan sami mantuk | miwah wong kambêng sadaya | sarêng mantukira sami ||

13. sapraptaning pamondhokan | wus kapanggih lan Pangran Mangkubumi | ngaturkên bandhanganipun |

--- 30 : 57 ---

pangeran suka ing tyas | lan asangêt pangeran pangalêmipun | mring tumênggung kalihira | wontên tiyang kambêng malih ||

14. ing Kasèrèn wismanira | katur yèn apênêd damêlirèki | anulya jinunjung lungguh- | ira saking ing ngandhap | mring aluhur ya ta dinamêl tumênggung | Brajamusthi namanira | punika purwaning nguni ||

15. padha tanah Sokawatya | mila karèh mring Pangran Mangkubumi | tan wontên ingkang mandhukul | saurut Sokawatya | dhatêng Pangran Mangkubumi wus sumuyud | sakèhe wong Sokawatya | tan wontên malang ing kapti ||

16. ri sampunira mangkana | ya ta sira Pangeran Mangkubumi | nulya aputusan sampun | mring nagri Kartasura | saha mawi surat wau dutanipun | kinèn jujuga Rahadyan | Dipati Pringalayèki ||

17. dening sêrat kang binêkta | badhe sêrat konjuk dhatêng narpati | wau ing sapraptanipun | duta ing ngarsanira | Radèn Adipati Pringgalaya sampun | sêrat pan nulya tinampan | mring Radèn Pringgalayèki ||

18. binakta lajêng saksana | manjing pura Radyan Pringgalayèki | sapraptaning ngarsa prabu | sêrat konjuk sang nata | sigra kinèn maos ingkang sêrat sampun | dening ungêling kang sêrat | sêsampuning sêmbah bêkti ||

19. ngunjukakên pêjah gêsang | kaping kalihipun ngaturi uning | prakawis kagungan prabu | dhusun ing Sokawatya | ing mangke sampun sirna sêsukêripun | Martapura sampun ical | saking tanah [ta...]

--- 30 : 58 ---

[...nah] Sokawati ||

20. purugipun tan kantênan | wontêndening mangke kula sang aji | nuhun andika sang prabu | ya ta sri naranata | nulya akèn akarya sêrat wêwangsul | ungêle kang ponang sêrat | dhawuh Pangran Mangkubumi ||

21. dhingin salam donganingwang | sauwise salam donga sun adhi | wiyose dene sisirêku |Lebih satu suku kata: wiyose dene sirèku. ngaturi layang mringwang | iya uwis layangira katur mringsun | apa saunining layang- | ngiraira. wus sun uningani ||

22. iya bangêt tarimèngwang | maring sira dening sira ing mangkin | adhi dening sira uwus | olèh ing pagawean | anadene ing mêngko adhi sirèku | sun timbali mulih sira | marang ing Kartasurèki ||

23. anuli sira mangkata | iya ing satêkane layang mami | sasampuning dados wau | kang sêrat sri narendra | nuntên sinungakên dhatêng dutanipun | Pangeran Amangkubumya | duta umêsat siraglis ||

24. saking nagri Kartasura | tan kawarna ing marga sampun prapti | dhusun Sokawati wau | cundhuk lawan Pangeran | Mangkubumi sêrat ngaturakên sampun | mring pangran wus tinampanan | kang sêrat pinundhi-pundhi ||

25. apan ta lajêng winaca | sêrat nata mring Pangran Mangkubumi | wus kadriya raosipun | saungêle kang sêrat | nulya angandika pangran mring Tumênggung | Suradigdaya kalawan | Tumênggung Sôntarêjèki ||

26. tumênggung katiganira | kang anama Tumênggung Brajamusthi | katiga padha tinantun | iya wêruhanira |

--- 30 : 59 ---

iki unine layange sang aprabu | rèhira rada kangelan | sagawe-gawenirèki ||

27. gonira agawe têrang | ing kagungan dalêm ing Sokawati | bangêt tarima sang prabu | nanging ing mêngko ingwang | lawan sira padha ngandikan malêbu | iya maring Kartasura | kayapa karêpirèki ||

28. kang tinantun aturira | inggih sumôngga sakarsane gusti | katiga dhatêng tumurut | ing sakarsa paduka | ri sampuning ingkang wau dados rêmbug | tan antara nulya dandan | sigra umangkat tumuli ||

29. sowan dhatêng Kartasura | Jêng Pangeran Mangkubumi wus prapti | ing Kartasura wus têmu | lan Radèn Pringgalaya | myang Kumêndhan Ondrop wus samya atêmu | sarta konjuk ing sang nata | wus kinèn akarya panti ||

188. Mangsuli cariyos: têlukipun Prabu Kuning dhatêng Kumpêni

30. wau ingkang kawarnaa | amangsuli tutur ingkang rumiyin | duk kala ing lolosipun | saking ing Randhulawang | Sunan Cina kandhêg anèng ing Madiun | taksih dhinèrèk samana | mring Pangran Buminatèki ||

31. miwah Pangran Prangwadana | duk samana kalih samya ngaturi | wangsul dhatêng sunanipun | dhatêng ing tanah Pajang | ingaturan bêng-ubêngan kewalèku | inggih wontên bumi Pajang | miwah tanah ing Samawis ||

32. dening kalamun wontêna | kasêsêripun ing lampah puniki | angungsi ing Ardikidul |

--- 30 : 60 ---

wontêndening rêmbagnya | Kapitan Panjang wau ing rêmbugipun | sunanira ingaturan | angadêga ing Kadhiri ||

33. sarta anênêlukêna | sakathahe tiyang môncanagari | de yèn kasêsêr ing laku | inggih kangjêng susunan | laku kula bêktaa puniku besuk | dhatêng nagri Balambangan | tan nêdya kula aturi ||

34. têluka dhatêng Walônda | sasampuning dènnya arêmbag sami | ingkang kangge rêmbagipun | sakèhe wadyanira | inggih ingkang samya angaturi têluk | dhatêng nagri Surabaya | têluka dhatêng Kumpêni ||

35. samana anuntên bubar | saking Madiun sunan ing Garêndi | mring Kadhiri sampun rawuh | Kadhiri manjing kitha | kawarnaa Pangran Buminata wangsul | ing Madiun wangsulira | Ngardikidul kang dèn jogi ||

36. dene Pangran Prangwadana | wangsulira Matesih kang dèn jogi | lajêng nêlukakên wau | Matesih saurutnya | miwah wong Nglaroh tinêlukakên sampun | mring Pangran Aprangwadana | wau Susunan Garêndi ||

37. ing Kadhiri sapraptanya | wau bupatinipun Kadhiri |Kurang satu suku kata: wau bupatinipun ing Kadhiri. apan têtanêmanipun | saking ing Pasêdhahan | ngraos tan kawawi anadhahi wau | pan sampun sumingkir sira | mring padhusunanirèki ||

38. wontêndene Sunan Cina | sampuning malêbêt kitha Kadhiri | anulya utusan gupuh | dhatêng ing Surabaya | saha sêrat dutane sampun lumaku | sawingkingipun kang duta | kajênge kang wadya sami ||

39. kang anama

--- 30 : 61 ---

pun Sapanjang | apan sami ajêng dipun akali | dipun cêpêng kajêngipun | apan arsa kinarya | rêrampe dhatêng Kumpêni benjingipun | yèn prapta ing Surabaya | pun Sapanjang kang udani ||

40. anulya ing dalu kesah | pun Sapanjang sarencangnya Cinèki | sêjane ingkang jinujug | nagari Balambangan | kawarnaa Sunan Kuning dutanipun | sapraptaning Surapringga | sêrate katur tumuli ||

41. dhatêng mayor Surabaya | wus kinèn maos sêrat juru basèki |Lebih satu suku kata: kinèn maos sêrat juru basèki. ponang tulis ungêlipun | dahat nêdha ampunnya | lawan têluk mring Kumpêni sêdyanipun | apan nêdya nêdha papag | saking repoting lumaris ||

42. Tuwan Mayor Surapringga | sakalangkung sukanipun ing galih | mirsa sêrat ungêlipun | nulya apêparentah | dhatêng bupatinipun ing Surèngkewuh | kang wasta Sasranagara | lawan Sêcanagarèki ||

43. amundhut baita gangsal | saha tiyang kang nglampahakên sami | wontêndene kang tinuduh | dados têtindhihira | wontên têtiyang Kadhiri asalipun | awasta pun Katawêngan | sumawita Surawèsthi ||

44. ngawula ing mayorira | kang punika ingkang dados têtindhih | apan pinitungkas sampun | sarya binêktan sêrat | angsul-angsul sigra mangkat lampahipun | apan mêdal ing baita | wus prapta kitha Kadhiri ||

45. panggih lawan Sunan Cina | Katawêngan aris dènira angling | nêmbungakên tabenipun | tuwan mayor mring sunan |

--- 30 : 62 ---

sarta sinungakên wau sêratipun | kang sêrat lajêng winaca | dening ungêling kang tulis ||

46. lamun tuwan mayor sira | ananggoni ing wirang lawan sakit | miwah ta ing pêjahipun | Sunan Kuning punika | yèn mêngsaha dhatêng Kumpêni puniku | mayor ingkang tumangguha | ya ta Susunan Garêndi ||

47. sasampuning maos sêrat | nuntên angandikèng wadyanirèki | amratelakakên wau | ungêling ponang surat | aturipun punggawa ingkang tinantun | yèn sampun kadya punika | sudara paduka gusti ||

48. punika malih ngantosa | suwawi paduka kula aturi | nuntên paduka pukulun | sigra anulya bubar | Jêng Susunan Garêndi dhatêng parau | saha wadyanya anumpak | baita lajêng umilir ||

49. kang umiring wataranya | wontên tiyang satus kang agêng alit | mila watara mung satus | sawab tan amot sira | baitanya kang mêthuk ing lampahipun | dening wadya kang tan kawrat | ing baita sami nangis ||

50. awêkasan samya bubar | rêbat para ngungsèkkên umurnèki | piyambak-piyambak wau | dening ingkang lumampah | Sunan Kuning lampahira sarêng rawuh | Surapringga wus pinapag | mring mayor malêbèng loji ||

51. sapêkên antawisira | nuntên klajêngakên dhatêng Samawis | ya ta Katawêngan wau | ingantukakên sira | mring Kadhiri kinarya bupatinipun | ran Tumênggung Katawêngan | kunêng kang winarna malih ||

--- 30 : 63 ---

189. Martapura akait kalihan Pangeran Prangwadana

52. kang anèng ing Sokawatya | Martapura angirup-irup malih | sawab Sokawati suwung | dene Kangjêng Pangeran | Mangkubumi taksih nèng Kartasurèku | Ki Martapura samana | apan ta sampun akait ||

53. lan Pangeran Prangwadana | kang umadêg anèng Laroh anênggih | anênêlukakên sampun | Matesih saurutnya | nanging Martapura dèrèng atêtêmu | lan Pangran Aprangwadana | sawab sami prayitnèki ||

54. botêbotên. purun cêcêlakan | duk samana têtiyang Sokawati | ngaturi uninga sampun | mring Pangran Mangkubumya | yèn pun Martapura akanthèn puniku | lan Pangran PêrangwadanaPangêran Prangwadana. | sigra Pangran Mangkubumi ||

55. ngaturi uningèng nata | sarta nuhun lilah sri narapati | dènira arsa têtulung | têtiyang Sokawatya | nanging tan kalilan ing panuwunipun | dènnyarsa kesah piyambak | sang nata tan anglilani ||

56. kinèn utusan kewala | ya ta wau Pangeran Mangkubumi | nulya amêmatah sampun | dhatêng ing wadyanira | kang anama Tumênggung Sôntarêjèku | Tumênggung Suradigdaya | myang Tumênggung Brajamusthi ||

57. katiga sami ingatag | mantuk atêtulung wong Sokawati | katiga umangkat sampun | saha gêgamanira | wontêndening wadyanira ingkang kantun | nênggih ingkang sami têngga | Pangeran Amangkubumi ||

--- 30 : 64 ---

58. golonganipun winastan | wadya ingkang kantun rumêksèng gusti | wong Kombang Ambrok puniku | dening tiyang punika | kang winastan Kombang Ambrok angsalipun | pan sami tiyang durjana | kang lampah andhustha latri ||

59. punika pan pinilihan | angsal têtiyang kalih atus sami | rinayat satêdhanipun | sinarirakkên samya | ya warnanên Tumênggung Suradigdyèku | wau sapraptaning wisma | sarta kancanira kalih ||

60. apan wong ing Sokawatya | kathah kerut marang Martapurèki | de kang têpis iring kidul | wus tinêlukkên ika | mring wong Kaprangwêdanan wus sami nungkul | nanging tumênggung katiga | merang mundura basuki ||

223. Durma

1. kawarnaa Martapura enjing prapta | sêdya gitik ing jurit | mring Suradigdaya | kalih Ki Sôntarêja | katiga Ki Brajamusthi | ingkang akarsa | ginitik ing ajurit ||

2. Martapura praptanya akanthi lawan | Pangran Prangwadanèki | milanya Pangeran | Prangwadana lumampah | piyambak nyananirèki | sira Pangeran | Mangkubumi kang prapti ||

3. dyan tumênggung katiga sami prayitna | wus siyagèng ajurit | sigra sami mêdal | saking pemahanira | sarêng mungsuh agêng prapti | katiganira | sarêng nêmpuh ing jurit ||

4. pêrang rukêt arame tumbak-tinumbak | sampun akathah kanin | mungsuh lawan rowang | miwah akathah pêjah | watêking kathah lan kêdhik | Suradigdaya |

--- 30 : 65 ---

kantun tumênggung kalih ||

5. sapêjahe Tumênggung Suradigdaya | wus anêmahi pati | miris manahira | ngraos karoban lawan | tumulya lumayu sami | arêbat para | palajêngnya wadyalit ||

6. sapalajêngnya Tumênggung Sôntarêja | anulya dèn obongi | dhusun Jatitêngah | mring wong Kamartapuran | nulya ngaturi upêksi | pun Sôntarêja | mring Pangran Mangkubumi ||

7. sarêng mirsa pangeran aturing wadya | sangêt kagyat ing galih | sigratur uninga | Pangeran Mangkubumya | dhumatêng sri narapati | sarya anêdha | lilah dhatêng sang aji ||

8. èsmu mêksa gènira anuhun lilah | sang nata tan apênging | samana pangeran | sasampuning samêkta | anulya budhal tumuli | ing Kartasura | prapta ing Sokawati ||

9. wus apanggih lan barise Martapura | sigra tinêmpuh wani | mring sira pangeran | rame dènira aprang | pangran lan Martapurèki | Ki Martapura | samana angunduri ||

10. nulya Pangran Mangkubumi sampun nabrang | mring sawetan banawi | saha wadyanira | samana lampahira | pangran kasaput ing wêngi | anulya sira | mondhok sawadyanèki ||

11. lajêng anarubakên kang wadya desa | têtiyang Sokawati | ri sasampunira | tarub wong Sokawatya | anulya enjinge malih | sira pangeran | Prangwadana dhatêngi ||

12. dupi Pangeran Mangkubumi uninga | yèn mêngsahira prapti | nulya asiyaga | pangran sawadyanira | mung wong

--- 30 : 66 ---

Kombang Ambrok nênggih | kang ingabên prang | mring Pangran Mangkubumi ||

13. tan antara anulya têmpuh ing yuda | apanggih sami wani | samana wong Kombang | Ambrok dahat purunnya | wuta pangamukirèki | mundur saksana | wong Nglaroh wong Matesih ||

14. mila mundur dening rowangnyakèh pêjah | nulya Martapurèki | anêmpuh ing wuntat | wong Kombang Ambrok enggal | anolèh pangamuknèki | rame prangira | lawan Martapurèki ||

15. wong Matesih wong Nglaroh saundurira | gya pinajêngkên malih | marang gustinira | Pangran PêrangwadanaPangêran Prangwadana. | nulya sami nêmpuh malih | wong Nglaroh sira | wong Matesih tan kari ||

16. wong Kombang Ambrok arepot ing ayuda | saking karoban tandhing | mila karepotan | tan kawawi akathah | dening Pangran Mangkubumi | kala samana | dahat akontrang-kantring ||

17. saking dènnya angalingi wadyanira | Kombang Ambrok ngajurit | mêksa tan kayoman | dadya akathah pêjah | wong Kombang Ambrok ing jurit | ya ta Pangeran | Mangkubumi kalindhih ||

18. kudanira ginêbyurakên bangawan | Pangeran Mangkubumi | ngilèn panabrangnya | amung tiyang sakawan | wadyanya ingkang umiring | sira pangeran | nulya kasaput wêngi ||

19. wong Kamartapuran myang Kaprangwadanan | apan kecalan lari | nuntên enjingira | sira Ki Martapura | angalèr purugirèki | sêdya mantuka |

--- 30 : 67 ---

dhatêng Sumbêran malih ||

20. wontêndene Pangeran Pêrangwadana | ngidul purugirèki | dhatêng Nglaroh sira | wau kang kawarnaa | Pangeran Amangkubumi | gènnya umpêtan | anèng Butuh alami ||

21. milanipun datan ngaturi uninga | dhatêng sri narapati | de sangêt merangnya | sawab kala angkatnya | èsmu pêksa lampahnèki | dadya pangeran | sangêt ambanting ragi ||

22. pan alama gènira manting sarira | Pangeran Mangkubumi | anèng desa Bêtah | anulya sami prapta | têtiyang ing Sokawati | kang sami trêsna | myang tumênggungnya kalih ||

23. kang anama Brajamusthi Sôntarêja | punika ingkang prapti | wus sami ngalêmpak | anèng ing Butuh sira | kathah kang wadya kang prapti | kadya wontêna | tigang atus watawis ||

24. wontêndene wadya ingkang kêkapalan | satus kathahirèki | wau duk miyarsa | Radèn Suryanagara | yèn Pangeran Mangkubumi | wartaning kathah | mangkya umadêg malih ||

25. Suryanagara agya atur uninga | mring Dyan Martapurèki | gya mêpak gêgaman | sira Dyan Martapura | apan sêdyanira nuli | arsa gêcaka | mring Pangran Mangkubumi ||

26. ri sampuning samêkta dêdamêlira | nulya mangkat tumuli | sira Martapura | lawan sawadyanira | Suryanagara tan kari | wau Ki Sônta- | rêja ngaturi uning ||

27. maring Gusti Pangeran Amangkubumya | yèn arsa dèn dhatêngi | mring Ki Martapura | malah sampun umangkat |

--- 30 : 68 ---

ya ta Pangran Mangkubumi | sigra ngandika | mring Ki Sôntarêjèki ||

28. iya sira Sôntarêja kang mapaga | karo Si Brajamusthi | kabèh baturira | padha sira gawaa | payung lan kulambi mami | sira anggoa | anadene sun iki ||

29. amung tinggalana bae ingsun bocah | wolung puluh kang bêcik | iya bocah ingwang | Kombang Ambrok kewala | iku tinggalên dimèning | tunggu maringwang | dening wêwêkas mami ||

30. maring sira iya samôngsa punika | bêdhilira ping kalih | nuli lumayua | nanging palayunira | aywa marene sirèki | Ki Sôntarêja | miwah Ki Brajamusthi ||

31. wus kaduga sapamêlingnya pangeran | nulya umangkat aglis | sadêdamêlira | sêdhêngira lumampah | nulya kapêthuk ing margi | lawan gêgaman- | niraira. Martapurèki ||

32. dupi cêlak sarêng nêmpuh ing ayuda | rame bêdhil-binêdhil | ya ta Sôntarêja | emut ing wangsitira | nulya sarencangirèki | nulya binêkta | kêbat lumaywa sami ||

33. Suryanagara nulya ambêrêg sira | saha wadyanirèki | mring Ki Sôntarêja | dupi sampun atêbah | Sôntarêja wangsul aglis | anêmpuh yuda | bêdhil-binêdhil malih ||

34. wong Kamartapuran atêtulung agya | tumut ambêrêg sami | ya ta Sôntarêja | lumajêng malih sira | dadya sangsaya anêbih | pambujêngira | kongsi mèh surup rawi ||

35. Martapura wus mondhok nèng Majarata | gya Pangran Mangkubumi |

--- 30 : 69 ---

prapta sawadyanya | mêdal saking ing wuntat | wong Kamartapuran aglis | nusuli samya | kuda sawênèh angling ||

36. lah ing buri ika jêjaranan apa | rowangnya anauri | lah môngsa mungsuha | ana ing kono iya | aparêp pêcah dhasnèki | ngong kalantaka | sun kira bosên urip ||

37. sarêng cêlak wong Kamangkubumèn sigra | sami sarêng bêdhili | wong Kamartapuran | dhatêng gugup kewala | pamalêsnya tan pakolih | ing kalantaka | wênèh datan kêkambil ||

38. wong Kamangkubumèn nêkakkên suranya | sarêng angamuk wani | murugakên tumbak | rame tumbak-tinumbak | wong Kamartapuran sami | sawab gugupnya | tan wontên angudhili ||

39. dadya kathah pêjah wong Kamartapuran | sakantune kang mati | pan sami lumaywa | wau Ki Martapura | kasêsa palajêngnèki | anunggang kuda | tan kongsi dèn rarabi ||

40. dipun bêrêg nanging tan kongsi atêbah | nuntên kasaput latri | ya ta wangsul samya | ingkang bêrêg samana | apan sami ngati-ati | sawadyanira | Pangeran Mangkubumi ||

41. ya ta pangeran anulya pêparentah | mring sawarnanirèki | wong ingkang anama | Kombang Ambrok sadaya | mêngko yèn bature prapti | Si Martapura | atakon mring sirèki ||

42. takon pondhoke mangkene sêsaurnya | inggih pondhoke ngriki | dening yèn wis padha | malêbu kang saparwa | tuwin sapratêlon kari | amukên agya |

--- 30 : 70 ---

aywana ngungkak wani ||

43. kang malêbu kewala sira amuka | sadaya saur pêksi | kang pinarentahan | sami matur sandika | samana sarêng ing wanci | bakdaning ngisa | tan adangu gya prapti ||

44. rencangira Ki Martapura kalawan | Ki Suryanagarèki | ingkang sami mêntas | ambujêng Sôntarêja | praptanya pitakèn sami | mangkana lingnya | pitakène kang prapti ||

45. ing êndi pasanggrahane panêmbahan | kang nèng lêbêt nauri | gih ngriki pasanggra- | haning Kamartapuran | kang atanya srêngên angling | lah iku iya | cocote wong ing êndi ||

46. mangkono iku sun watara wong mêntas | milu ing Mangkubumi | mêngkono uninya | kang nèng lêbêt lingira | apuntên dika kiyai | watêk têtiyang | alit kathah supèki ||

47. nuntên sami lajêng malêbêt kewala | tan sônggarunggi galih | wong Kamartapuran | ana anêdha toya | asugal têmbungirèki | watêk wong mêntas | antuk buru ing jurit ||

48. apan lagi malêbêt kang sapratigan | kasêlak dèn dhawuhi | pan wontên wong Kombang | Ambrok ingkang caluthak | trêngginas anyêbrot kêris | gumêdêr loknya | ana wong nyêbrot kêris ||

49. wong Kombang Ambrok lajêng ngamuk sadaya | pan sami dèn tumbaki | wong Kamartapuran | kang wus malêbêt samya | dening kang taksih nèng jawi | nulak sadaya |

--- 30 : 71 ---

lumajêng niba tangi ||

50. kang saking lêbêt sangêt pangajêngira | tiba kawalik-walik | watêk dalu sira | samya tan wruh ing marga | nuntên enjingipun prapti | Ki Sôntarêja | lajêng sowan siraglis ||

51. dhatêng Pangran Mangkubumi wus apanggya | lan kancanira sami | wau kang anama | Kombang Ambrok punika | gumêdêr pan samya angling | samya amojar | sasolahe pribadi ||

52. samya pinton-pinintonan kang bandhangan | Pangeran Mangkubumi | aris angandika | maring Ki Sôntarêja | iya Sôntarêja mami | ing mêngko ingwang | sae ngaturi uning ||

53. iya marang nagara ing Kartasura | tur uninga sang aji | duk samana ingwang | tumêkaa ing pêjah | ingsun isin awêwarti | Ki Sôntarêja | amangsuli turnyaris ||

54. inggih lêrês ing pangandika kawula | nanging mênggahing abdi | paduka sadaya | pan botên sapunika | amung dhatêngakên cinging- | ngipunipun. kewala | kang asring dèn lampahi ||

55. ri sampuning mangkana Kangjêng Pangeran | Mangkubumi anuli | nglampahakên duta | dhatêng ing Kartasura | atur uninga narpati | yèn tanah Soka- | wati sampun aradin ||

56. sri narendra miyarsa atur uninga | yèn tanah Sokawati | mangkya wus arata | lan Pangran Mangkubumya | sumungkêm pangabdinèki | lêga tyas nata | datan asmara kingkin ||

--- 30 : 72 ---

190. Ngrêmbag pindhahipun kadhaton Kartasura dhatêng dhusun Sala

224. Asmaradana

1. datatita linging nguni | samana ing Kartasura | wong cilik têntrêm manahe | miwah kang para punggawa | wênèh eca tyasira | mung kang taksih dados riwut | Pangeran Pêrangwadana ||

2. gènira apacak baris | kidul wetan Kartasura | aran dhusun ing Sêgawe | urut Laroh kang dèn bahak | Matesih kang kungkulan | kadhang ngilèn lampahipun | ngrêriwuk dhusun Mataram ||

3. myang Pangran Buminatèki | Ngardikidul ingancikan | pan dados riwuk galihe | dadya abdining narendra | kang wong môncanagara | pan angsal pawadanipun | tan seba ing Kartasura ||

4. myang wadya kang kilèn nênggih | têtiyang Kêdhu sadaya | pan alami pangrêgune | tan seba mring Kartasura | wiwit Parandhulawang | kongsi dhatêng bêdhahipun | lami ingantos tan seba ||

5. ingkang umadêg bupati | nênggih Ki Mangkudirana | madêg lan karêpe dhewe | anama Ki Mangkuyuda | sarta Dyan Mangkupraja | kang samya tumut angrêgu | tinut wong Kêdhu sadaya ||

6. dening ingkang dèn anciki | ing Watês namaning desa | kang kinarya pakuwone | dhumatêng Ki Mangkuyuda | nanging tansah ngandikan | sinung sêrat angsul-angsul | sinônggakrama kewala ||

7. dadya kewran jroning galih | kumêndhan anulya rêmbag | lan Radèn Pringgalayane |

--- 30 : 73 ---

arsa pamit mring sang nata | kesah dhatêng Samarang | arsa minggah ing kumêndur | de wong Kêdhu nônggakrama ||

8. ri sampunira apamit | kumêndhan dhatêng sang nata | sampun linilan pamite | lawan Radyan Pringgalaya | sarêng sami umangkat | datan kawarna ing ênu | prapta nagari Samarang ||

9. nuntên enjingira sami | kumêndhan arêrêmbagan | lawan tuwan kumêndure | katiga Dyan Pringgalaya | ing Kêdhu kang rinêmbag | pinrih enggal sowanipun | dhatêng nagri Kartasura ||

10. sasampuning rêmbag sami | kumêndur ing rêmbagira | kinèn ngutusana age | ing Kêdhu saking Samarang | kumêndhan tan antara | pan akarya surat sampun | sigra mêsat dutanira ||

11. kêbat lampahing dutaglis | prapta ing Kêdhu samana | sampun tinampan surate | dhumatêng Ki Mangkuyuda | myang Radèn Mangkupraja | sêrat tinupiksa sampun | ungêle apan mangkana ||

12. sira Ki Mangkuyudèki | lawan Radèn Mangkupraja | kinèn asowana age | dhatêng nagri Kartasura | nulya sami mangkata | ingirida wong sa-Kêdhu | kapanggiha Salatiga ||

13. sampuning amaca tulis | Mangkuyuda Mangkupraja | nuntên kang duta enjinge | wus pamit sigra umêsat | saking Kêdhu samana | ing Samarang sampun rawuh | wus umatur mring kumêndhan ||

14. kalamun priyayi kalih | Mangkuyuda Mangkupraja | sami sandika ature | samana tuwan kumêndhan | datan antara lama | nulya pamit mring kumêndur |

--- 30 : 74 ---

mantuk dhatêng Kartasura ||

15. ri sampuning sami pamit | kumêndhan anulya pangkat | lan Radèn Pringgalayane | saking nagari Samarang | ginêlak lampahira | ing Salatiga wus rawuh | tuwan kumêndhan lampahnya ||

16. nanging ingkang dèn timbali | Mangkuyuda Mangkupraja | kang angrêgu nèng Kêdhune | samana datan lumampah | amung Dyan Mangkupraja | anênggih ingkang lumaku | kapanggih nèng Salatiga ||

17. Mangkupraja duk apanggih | kalawan sira kumêndhan | wau ta tinakèkake | dhumatêng tuwan kumêndhan | dening Ki Mangkuyuda | radèn têka boya tumut | puniku wontên punapa ||

18. Mangkupraja anauri | tuwan wêlinge pun kakang | mila botên tumut dhewe | pracaya dhatêng kawula | kumêndhan runtik ing tyas | puniku wong boya patut | angajarakên cilaka ||

19. mung wêling kula pribadi | nênggih rahadèn andika | sampun tumut kang mangkono | mungguh panjênêngan dika | nênggih nadyan dedea | dika punggawaning ratu | pan sinantanakkên tuwa ||

20. prayoga andika ugi | momonga sri naranata | nèng nagri Kartasurane | saurnya Dyan Mangkupraja | inggih kalêrês tuwan | datan wontên dedenipun | sapawêling jêngandika ||

21. kados kalampahan ugi | sapangandika andika | kawula angraos supe | ingkang sampun kalampahan | kumêndhan aris mojar | inggih radèn luwih sukur | yèn sampun sangêt andika ||

22. nanging samangke puniki |

--- 30 : 75 ---

andika kawula tulak | mantuka mring Kêdhu malèh | andika kawula têdah | inggih angrantamêna | angêrig sakèh wong Kêdhu | Mangkuyuda kabêktakna ||

23. sampuning arêmbag sami | Mangkupraja wus pamitan | mantuk dhatêng Kêdhu malèh | kumêndhan lajêng lampahnya | mantuk mring Kartasura | sapraptanira ing Kêdhu | wau Radèn Mangkupraja ||

24. mapan datan antuk pikir | kalawan Ki Mangkuyuda | gènira angêrig uwong | kajênge Ki Mangkuyuda | tulus pangrêgunira | de saladosane Kêdhu | sampuna dening utusan ||

25. dadya Dyan Mangkuprajèki | anut ing sarêmbagira | Ki Mangkuyuda dhinèrèk | upami yèn atilara | rêmbage Mangkuyuda | Mangkupraja tarkanipun | angraos yèn katêsisan ||

26. samana priyayi kalih | Mangkupraja Mangkuyuda | anulus ing pangrêgune | tan sowan mring Kartasura | malah angalih nama | Mangkuyuda ajêjuluk | Tumênggung Amangkurêja ||

27. warnanên Kartasurèki | kumêndhan sampun alama | saking Samarang praptane | duk taunira samana | kesahira kumêndhan | malah kongsi ganti taun | tiyang Kêdhu datan prapta ||

28. nuntên jêng pangran dipati | samana duk supitira | anuju dintên Sêtune | ing tanggal ping kawan wêlas | sasinipun Muharam | Jimawal ing taunipun | pêpêkan para punggawa ||

29. wadana nênêm ngrasani | prajanya duk asêngkala |Sengkalan: wadana nênêm ngrasani prajanya (1661 A.J., 1736/1737 A.D.). tan alami antarane | anuntên [anuntê...]

--- 30 : 76 ---

[...n] tuwan kumêndhan | tinimbalan samana | mring sira tuwan gurnadur | jendral nagri Batawiyah ||

30. malah kang dados sêsilih | samana kang sampun prapta | ing nagri Kartasurane | Kurnèt namaning Walônda | kang saking ing Jakarta | kumêndhan pamitan sampun | mring sang nata wus linilan ||

31. lajêng angkatira enjing | kumêndhan dhatêng Jakarta | wontêndene sawingkinge | nagari ing Kartasura | kèndêl tan wontên aprang | dene Kumpêni kang kantun | sami prayitna kewala ||

32. tan winarna laminèki | kumêndhan dènira kesah | dhatêng nagri Batawine | pan sampun antara wulan | samana nuntên prapta | wau ing sadhatêngipun | antuk nama sing Jakarta ||

33. inggahe namanirèki | Mayor Ogêndrop namanya | winênang mawi salomprèt | samana datan alama | mayor ing praptanira | nulya angaturi rêmbug | mayor dhatêng sri narendra ||

34. malêbêt ing dalêm puri | mayor sapraptaning ngarsa | nata mangkana rêmbuge | ya ta kangjêng sri narendra | ngaturi nimbalana | putra kapenakan wau | kang kesah saking nagara ||

35. kang nama Radèn Mas Said | nèng paran wus ngalih nama | ran Pangran Prangwadanane | samana sri naranata | dhatêng dhèrèk kewala | mring mayor sarêmbugipun | mayor wus mêdal ing pura ||

36. sang nata wus amrayogi | ingkang lumampah dinuta | lêlurah èstri karaton | bok Sêcapati kang nama | pan sampun [sa...]

--- 30 : 77 ---

[...mpun] kinanthenan | wadyanya èstri sang prabu | ingkang ingandêl ing krama ||

37. wadya jalêr kang tinuding | awasta Ki Wirajaya | Ki Naladirja kanthine | katiga Ki Saradipa | sakawan Ki Mêrtangga | samana duk lampahipun | saha mawi sêrat nata ||

38. ungêle sêrat narpati | angarih-arih kewala | wau kang dhinatêngake | sarta pangêbang narendra | mring Pangran Prangwadana | yèn karsa pinêndhêt mantu | pinanggihkên lan kang putra ||

39. putra kang mungêl ing tulis | ratwalit ingkang atuwa | anèm Dyan Ayu Kadhaton | iku singa dèn piliha | angandikaning sêrat | pan dudua mantuningsun | sira nyata sutaningwang ||

40. pun tinampèn ponang tulis | sigra mangkat duta nata | prapta dhusun ing Sêgawe | pamondhokannya Pangeran | Prangwadana kapêdhak | sêrat pinaringkên sampun | mring Pangran Pêrangwadana ||

41. tinampan tininggil-tinggil | tiniyup ngêmbun-êmbunan | pangran asmu suka kyasetyase. | kang surat nulya binuka | winaos sinuksmèng tyas | wêwah lêga sukèng kalbu | pangran dènnya maos surat ||

42. dening sêrating narpati | ungêle anganyut ing tyas | tansah pangarih-arihe | dadya Pangran Prangwadana | aturira mangkana | inggih bok andika matur | dhumatêng sri naranata ||

43. myang kaki Wirajayèki | miwah Kyai Naladirja | Saradipa katigane | inggih dika umatura | dhatêng sri naranata | kula ngandikan sang prabu |

--- 30 : 78 ---

inggih dhumatêng sandika ||

44. sampuning sandika mami | wontên panuwun kawula | yèn sang nata saèstune | angabdèkakên kawula | ing panuwun kawula | rèh kula adarbe mantu | kathahipun kawan tasa ||kawan dasa.

45. sami kula damêl mantri | inggih kula sungi nama | Mantri Têtèsèk namane | punika tinulusêna | kamantrène sadaya | inggih kalamun kaèstu | kadhahar atur kawula ||

46. nuntên kawula umiring | sowan dhatêng Kartasura | ri sampun têlas ature | Pangeran Pêrangwadana | duta sampun pamitan | mantuk mring Kartasurèku | kawarnaa kang tinilar ||

47. Pangeran Prangwadanèki | atantun ing wadyanira | rèh ingandikan sang katong | mangkana ing aturira | dhumatêng sri narendra | nanging kang wadya tan rêmbug | asangêt pamambêngira ||

48. miwah êmbanira nênggih | kang nama Wiradiwôngsa | dahat sangêt pamambênge | sanadyan si dhinahara | atur kang sapunika | wadya lawan êmbanipun | asangêt kawatirira ||

49. kabèh rêmbuging wadyèki | upami yèn kalakona | pangran sowan mring sang katong | yèn tan kêna ing aturan | êmban lan wadyanira | sadaya sêdya tan tumut | ajrih kang wus kalampahan ||

50. wus ical sêrêngirèki | Pangeran Pêrangwadana | dènnyarsa sowan sang katong | miyarsa aturing wadya | dadya ingkang wus rêmbag | pangeran pamogokipun | tan ketang mêdyayèng ujar ||

51. kawarnaa duta [du...]

--- 30 : 79 ---

[...ta] prapti | nagara ing Kartasura | wus umatur ing sang katong | ngaturakên saaturnya | Pangran Pêrangwadana | eca tyasira sang prabu | wus kinèn amangsulana ||

52. yèn dhinahar aturnèki | ponang duta sigra mêsat | praptèng dhusun ing Sêgawe | wus panggih lawan pangeran | saandikaning nata | pan dhinawuhakên sampun | pangeran mêdyayèng ujar ||

53. ature anêmayani | benjing manira aseba | yèn wus pêpak rêncang kabèh | ing mangke kathah kang lunga | duta nata uninga | yèn pangeran cidrèng wuwus | ponang duta sigra mêsat ||

54. praptaning Kartasurèki | saaturira pangeran | wus katur dhatêng sang katong | sri naranata anduga | yèn ingkang kapenakan | saèstu cidra ing wuwus | kunêng ingkang kawarnaa ||

55. kala Pangeran Ngabèi | Loring Pasar sedanira | samana nunggil warsane | kalawan duk supitira | gusti pangran dipatya | gapura nênêm arêtu | ning praja sangkalanira ||Sengkalan: gapura nênêm arêtu ning praja (1669 A.J., 1744/1745 A.D.).

Lajêng nyandhak jilid: 31.

--- 30 : [0] ---

Isinipun

183. Pabarisan ing Randhulawang bêdhah. (Dhandhanggula, Durma). ... kaca 8

184. Radèn Pangulu ing Têmbayat ngraman. (Durma). ... kaca 15

185. Mangunonêng kacêpêng. Prabu Kuning têluk dhatêng Kumpêni lajêng dipun santuni jêjuluk Pangeran Selong. (Asmaradana). ... kaca 21

186. Komasaris ing Samarang sowan dhatêng Kartasura badhe damêl mupakatan enggal kalihan Ingkang Sinuhun. (Asmaradana, Dhandhanggula). ... kaca 34

187. Pangeran Mangkubumi sagêd ngrêbat tanah Sukawati. (Dhandhanggula, Pangkur). ... kaca 49

188. Mangsuli cariyos: têlukipun Prabu Kuning dhatêng Kumpêni. (Pangkur). ... kaca 59

189. Martapura akait kalihan Pangeran Prangwadana. (Pangkur, Durama). ... kaca 63

190. Ngrêmbag badhe pindhahipun kadhaton Kartasura dhatêng dhusun Sala. (Asmaradana, Dhandhanggula, Durma, Asmaradana). ... kaca 72