Sastra Jawa

Program Digitalisasi Sastra Daerah

  • Increase font size
  • Default font size
  • Decrease font size

Babad Tanah Jawi, Meinsma, 1874, #778 (Hlm. 086-168)

Katalog:Babad Tanah Jawi, Meinsma, 1874, #778
Sambung:
1.Babad Tanah Jawi, Meinsma, 1874, #778 (Hlm. 001-085). Kisah, Cerita dan Kronikal | Babad Tanah Jawi #771.
2.Babad Tanah Jawi, Meinsma, 1874, #778 (Hlm. 086-168). Kisah, Cerita dan Kronikal | Babad Tanah Jawi #772.
3.Babad Tanah Jawi, Meinsma, 1874, #778 (Hlm. 169-260). Kisah, Cerita dan Kronikal | Babad Tanah Jawi #773.
4.Babad Tanah Jawi, Meinsma, 1874, #778 (Hlm. 261-345) . Kisah, Cerita dan Kronikal | Babad Tanah Jawi #774.
5.Babad Tanah Jawi, Meinsma, 1874, #778 (Hlm. 346-427). Kisah, Cerita dan Kronikal | Babad Tanah Jawi #775.
6.Babad Tanah Jawi, Meinsma, 1874, #778 (Hlm. 428-522) . Kisah, Cerita dan Kronikal | Babad Tanah Jawi #776.
7.Babad Tanah Jawi, Meinsma, 1874, #778 (Hlm. 523-600) . Kisah, Cerita dan Kronikal | Babad Tanah Jawi #777.
8.Babad Tanah Jawi, Meinsma, 1874, #778 (Hlm. 601-688) . Kisah, Cerita dan Kronikal | Babad Tanah Jawi #778.

--- 86 ---

Sunan Kudus. Sunan Kudus lajêng andhawahi Pangeran Arya Panangsang, êndikakakên manggihi ing Sultan Pajang, sami pinaraka wontên ing pasowan, angêntosana miyosipun Sunan Kudus dhatêng ing pasowan. Arya Panangsang inggih sampun dandos angatos-atos, nuntên mêdal pinarak ing pasowan, sabalanipun tiyang pêpilihan sami wontên ing wingkingipun. Karsanipun Arya Panangsang, samangsanipun Sultan Pajang dhatêng badhe dipun tingali dhuwungipun, lajêng kasudukakên, rencangipun lajêng sami tumut angêrocok. Dene Sultan Pajang wau inggih sampun dipun dhawahi dhatêng utusanipun Sunan Kudus, andikakakên pinarak wontên ing pasowan kalihan Arya Panangsang, Sultan Pajang inggih lajêng pinarak wontên ing pasowan. Ki Panjawi lan Ki Pamanahan sarta Radèn Ngabèi Saloring Pasar sami angampingi kiwa têngên ragi wingking sarta sami angatos-atos. Sultan Pajang lênggah ajêng-ajêngan lan Arya Panangsang, sami sawang-sinawang, Arya Panangsang nuntên pitaken dhatêng Sultan Pajang, adhi, sampun lami kula botên kêpanggih kalihan sampeyan, sapunika asêsarêngan sowan wontên ing ngriki, mênggah kang sampeyan agêm punika dhuwung ingkang pundi. Sultan Pajang amangsuli, dhuwung kula lami. Arya Panangsang wicantên malih, pundi adhi, kula badhe ningali ing dhuwung sampeyan. Wangkingan lajêng dipun unus, Ki Pamanahan enggal anjawil. Sultan Pajang igraita,anggraita. wangkingan sampun kaulungakên dhatêng Arya Panangsang, Sultan Pajang enggal anarik cothèn sarwi wicantên. Kakang Arya Panangsang, taksih sae dhuwung kula punika, angungkuli kang sampeyan tingali puniku, Arya Panangsang mèsêm sarwi wicantên. Tingal kula kang kula cêpêngi punika inggih sae. Sultan Pajang sumaur, ingkang kula cêpêng punika nama Kyai Carubuk, sanajan sami sae taksih [ta...]

--- 87 ---

[...ksih] ampuh pun Carubuk, luwangipun kang sampun kalampahan sok bucêka mêsthi pêjah. Kasaru wêdalipun Sunan Kudus, aningali kang sami lênggah angliga dhuwung, Sunan Kudus enggal anyêlaki sarwi ngandika, iki ana apa dene padha angliga kris. Apa arêp balantikan, apa arêp ijol kêris, kêbat padha wrangkakna, ora bêcik didêlok ing wong akèh. Dhuwung inggih lajêng kawangsulakên dhatêng Sultan Pajang sarta sampun sami kasarungakên. Arya Panangsang wicantên, layak durung pêsthine ênggonku bakal gawe rôndha. Sultan Pajang inggih wicantên. Baya durung pêsthine ênggonku bakal awèh pakaning gagak. Sunan Kudus ngandika, wis aja padha kodawakake cêlathumu iku, padha atuta ênggonmu padha duwe sadulur, samêngko wis padha muliha marang pasanggrahamu dhewe-dhewe, besuk samangsane para bupati wis padha pêpak, kowe padha daktimbali. Sultan Pajang sarta Arya Panangsang lajêng sami mantuk dhatêng pasanggrahanipun piyambak-piyambak. Arya Panangsang pasanggrahanipun sawetan bêngawan Sore, Sultan Pajang pasanggrahanipun sakilèn bêngawan Sore, utawi bala ing Pajang ingkang sami lumampah ing wingking inggih sampun sami dhatêng.

Ing wanci dalu Sultan Pajang pinarak kalihan Ki Pamanahan sarta Ki Panjawi, Ki Pamanahan matur, kula mirêng wartos, [war...]

--- 88 ---

[...tos,] ing sasedanipun Sunan Prawata lan raka jêngandika ing Kalinyamat, punika bok ayu jêngandika ing Kalinyamat sangêt ênggènipun prihatos, amartapa wontên ing rêdi Danaraja sarta awêwuda, pangandikanipun botên karsa ngagêm sinjang yèn Arya Panangsang dèrèng pêjah, mênawi sampeyan karsa, sumôngga sami têtuwi. Sultan Pajang anurut ing aturipun Ki Pamanahan. Inggih lajêng lumampah dhatêng ing rêdi Danaraja ing wanci dalu, ingkang andhèrèk Ki Pamanahan kalih Ki Panjawi, tiga Radèn Ngabèi Loring Pasar, dhatêngipun ing rêdi Danaraja kandhêg wontên ing paregolan, sampun kaaturakên dhatêng Ratu Kalinyamat, yèn Sultan Pajang badhe kêpanggih, dhawahipun Ratu Kalinyamat. Enggal aturana, nanging surupêna dhingin, yèn aku ora bisa anêmoni sap mata, aturana lênggah sajabaning kobongan bae, abdi ingkang kadhawahan wau inggih enggal angaturi ing Sultan Pajang, Sultan Pajang lan rencangipun têtiga inggih sampun sami lumêbêt, alênggah sajawining kobongan. Ratu Kalinyamat alon ngandika, yayi prabu, apa ingkang dadi karsamu, dene kowe tilik mrene, Sultan Pajang matur, bakyu, sowan kula mriki, awit kula mirêng pawartos, yèn sampeyan tilar nagari atapa wontên ing rêdi Danaraja ngriki sarta botên karsa [kar...]

--- 89 ---

[...sa] ngagêm sinjang, punika punapa ingkang dados prihatos sampeyan. Mênggah sedanipun kakang ing Kalinyamat tiyang sampun pinêsthi karsa Allah, mênawi parêng mugi sampeyan bucal ênggèn sampeyan prihatos. Ratu Kalinyamat ngandika, bangêt panrimaku yayi, ênggonmu amituturi marang aku, nanging wong ujarku wis katrucut kapriye, aku ora nganggo tapih yèn Si Arya Jipang durung mati, sanajan aku kongsia tumêka ing pati, ya daklakoni, malah têkamu mrene iku bangêt ênggonku bungah, sarèhning aku wong wadon, sapa kang dakjaluki pitulung angilangi prihatinku, kajabane kowe, sabab aku wis ora duwe sadulur manèh, yèn kowe bisa amatèni Si Arya Panangsang, nagara ing Kalinyamat lan ing Prawata utawa rajabranaku kabèh kaduwea marang kowe, sarta aku angèngèr marang kowe. Sultan Pajang matur, bakyu, kula ajrih amêngsah pun Arya Jipang, sabab sangêt ênggènipun sakti sarta têguh. Ratu Kalinyamat ngandika, adhi, sapa kang daktêtangisi liyane têkasaka. kowe, dadi ênggonmu tilik mrene iku tanpa gawe. Ki Pamanahan matur bisik-bisik ing Sultan Pajang, mênawi pikajêngan kula prayogi dipun pikir rumiyin. Sampeyan sumadosa ing sadalu mangke karêmbag. Benjing enjing [e...]

--- 90 ---

[...njing] sumôngga sami wangsul. Sultan Pajang inggih anurut, lajêng matur kamanah ing sadalu mangke, Ratu Kalinyamat ngandika, iya adhi, sesuk balia mrene têmênan, aku angarêp-arêp. Sultan Pajang sampun pamit mantuk dhatêng pasanggrahan, Ki Pamanahan tumut andhèrèk konduripun Sultan Pajang, nanging nuntên wangsul kêpanggih lan Ratu Kalinyamat, sarta lajêng tinakenan. Adhi Pamanahan, apa ana gawemu dene kowe bali mrene, Ki Pamanahan matur, bakyu, kula badhe ngaturi pratikêl dhatêng ing sampeyan, bab anggèn sampeyan mundhut pitulung dhumatêng Sultan Pajang, kala wau kula ningali abdi sampeyan èstri kêkalih, sami ayu warninipun. Punika benjing-enjing sami sampeyan paèsi, yèn Sultan Pajang dhatêng mriki sampeyan kèn linggih cakêt kobongan ngriki, mila makatên, watêkipun Sultan Pajang yèn aningali tiyang èstri ayu lajêng gadhah kakêndêlan, amêsthi lajêng sagah amêjahi dhatêng Arya Jipang, yèn tiyang èstri wau sampeyan paringakên. Amung punika ênggèn kula prêlu wangsul mriki, Ratu Kalinyamat mèsêm sarwi ngandika, bangêt panarimaku adhi, ênggonmu awèh pratikêl mêngkono iku, sarta bakal tak turuti. Ki Pamanahan sampun pamit mantuk dhatêng ing pasanggrahan.

Ing enjingipun Sultan Pajang apirêmbagan kalihan Ki Panjawi [Pa...]

--- 91 ---

[...njawi] lan Pamanahan. Sultan Pajang ngandika, kadospundi kang dados rêmbag dika prakawis pamundhute pitulung kakang bok ing Kalinyamat. Ki Pamanahan matur, ing pamanah kula prayogi dipun sagahi, sabab ingkang kawajiban têtulung amung sampeyan. Sampeyan môngsa kêkirangana budi, abdi sampeyan para bupati sapangandhap sami tinantun, sintên kang sagêd amêjahi Arya Jipang, sampeyan êbang kaganjar nagari tuwin rajabrana, mokal yèn botên wontêna kang sagah. Sultan sarêng mirêng ature Ki Pamanahan sakalangkung lêga galihipun. Lajêng ngandika, kakang mangke dalu sawêg sami wangsul. Kakang bok mêsakake, supados mantuna susahipun. Sarêng ing wanci dalu lajêng sami mangkat dhatêng ing rêdi Danaraja, sadhatêngipun ing ngriku Sultan Pajang kagèt aningali tiyang èstri ayu kêkalih, sami alênggah sakiwa têngêning kobongan. Sultan sangêt kagimir ing galihipun, lajêng nolih pitakèn dhatêng Ki Pamanahan. Kakang, tiyang ayu kalih punika bojone sintên. Dene rupine ayu têmên. Kula dèrèng nate tumon. Ki Pamanahan matur, pandugi kula kalangênanipun raka jêngandika ing Prawata suwargi, Sultan Pajang ngandika malih, upaminipun kula suwun, kakang bok punapa parêng, Ki Pamanahan matur, pangandikanipun bok ayu jêngandika rumiyin. sampun [sampu...]

--- 92 ---

[...n] ingkang warni tiyang èstri, sanajan sanèsipun inggih parêng, yèn sampeyan sagêd anglêgani ing pamundhutipun. Ratu Kalinyamat nuntên andangu dhatêng Sultan Pajang, kêpriye adhi, têkamu mrene iku apa wis olèh pikir kang prayoga ing panjalukku wingi. Sultan Pajang matur, bakyu, sampeyan sampun kuwatos, ingkang eca kemawon galih sampeyan. Kula kang sagah mêjahi pun Arya Panangsang, nanging tiyang èstri kêkalih punika kula suwun, kang sami lênggah cakêt kobongan. Ratu Kalinyamat ngandika, adhi, aja sing wong wadon iku yèn ora dakwèhêna, sanajan nagara Kalinyamat lan ing Prawata utawa rajabranaku kabèh ya dak wènèhake, sok uga kowe anglêganana ing panjalukku, èstri kêkalih wau lajêng kaparingakên, êndikakakên sami lênggah ing ngarsanipun sultan. Inggih sampun sami majêng alênggah tumungkul. Mênggah èstri kêkalih punika sayêktosipun taksih gadhah laki, semahipun kajinêman ing Prawata. Sultan Pajang sarêng sampun tampi èstri kêkalih lajêng matur, bakyu, sampun sumêlang galih sampeyan. Pun Arya Jipang amêsthi pêjah dening kula. Ratu Kalinyamat ngandika, iya adhi, sapa kang dakandêlake kajabane kowe. Sultan Pajang sampun pamit kondur dhatêng pasanggrahan, sarta ambêkta èstri kêkalih. [kêka...]

--- 93 ---

[...lih.] Wondene kajinêman ingkang gadhah bojo wau ing wanci dalu sami anyidra dhatêng Sultan Pajang, sarta ambêkta prikancanipun kajinêman tiga dados tiyang sakawan. Sultan pinuju sare, lajêng dipun suduki dhatêng kajinêman sakawan, nanging botên pasah, ing sawungunipun sultan, kajinêman sakawan sami angaturakên tobat. Sultan inggih aparing pangapuntên sarta sami kalilan mantuk, lan sampun anglilakakên bojonipun.

Ing enjingipun Sultan Pajang andhawahakên parentah dhatêng abdinipun sadaya, sintên ingkang purun amêngsah sarta sagêd amêjahi dhatêng Arya Jipang, Sultan badhe angganjar nagari ing Pathi lan ing Mataram. Nanging para bupati tuwin mantri botên wontên ingkang sagah, sabab sami ajrih dhatêng Arya Panangsang. Sultan Pajang nuntên dhawah angundhangakên dhatêng sawarninipun tiyang ing nagari tuwin tiyang dhusun. Sanajan tiyang pangarit, yèn sagêd amêjahi Arya Panangsang, amêsthi kaganjar nagari ing Pathi lan Mataram.

Kacariyos Ki Panjawi lan Ki Pamanahan, tiga Ki Juru Martani, sakawan Radèn Ngabèi Loring Pasar, pinuju sami kalêmpakan wontên griyanipun Ki Pamanahan. Ki Juru pitakèn wartos. Ki Pamanahan sumaur, kala wau sang nata andhawahakên sayêmbara, sintên tiyang [ti...]

--- 94 ---

[...yang] ingkang amêjahi Arya Panangsang, amêsthi dipun ganjar nagari ing Pathi lan Mataram. Nanging para bupati tuwin mantri sami ajrih sadaya, dados dèrèng wontên tiyang ingkang gadhah kasagahan. Ki Juru wicantên malih, rêmbag kula prayogi sampeyan sagah tiyang kêkalih lan Ki Panjawi, sabab nagari ing Pathi lan Mataram wau eman sangêt yèn ngantosa kenging ing tiyang sanès. Ki Pamanahan sumaur, ki ipe, gampil yèn tiyang tampi ganjaran mêkatên, balik ênggènipun mêjahi Arya Panangsang kadospundi. Ki Juru Martani wicantên malih, upami tiyang ngabên sawung, yèn botohipun sagêd, amêsthi sawungipun inggih mênang, makatên malih tiyang pêpêrangan, yèn dhasar sagêd anggènipun angreka senapatinipun, amêsthi pêrangipun inggih mênang, sarèhning kula sampun sumêrêp ing watêkipun Arya Panangsang, sangêt ing wantêripun sarta panasbaran. Pikajêngan kula, Arya Panangsang wau badhe kula kintuni sêrat panantang, kula purih dhatênga piyambak, sampun ambêkta bala, yèn sampun dhatêng lajêng kula karubut lan santana kula sadaya, amêsthi inggih pêjah, bilih sampeyan sampun marêngi ing pirêmbag kula punika benjing-enjing sumôngga sami sowan. Ki Pamanahan lan Ki Panjawi inggih sami miturut ing pirêmbag wau.

Sarêng enjing tiyang sakawan lajêng samai sowan. Para bupati [bu...]

--- 95 ---

[...pati] mantri inggih sampun pêpak sami sowan. Sultan andangu dhatêng para bupati, sapa kang sanggup amungsuh sarta amatèni marang Arya Panangsang, aturipun para bupati botên wontên ingkang sagah. Ki Pamanahan matur, kula kalihan pun adhi Panjawi ingkang sagah amêngsah prang lan pun Arya Jipang, panjênêngan dalêm aningalana saking katêbihan kemawon. Ingkang anadhahi pêrangipun kula piyambak lan santana kula, mila makatên, samangsanipun panjênêngan dalêm katingal dhatêng pun Arya Panangsang, amêsthi panjênêngan dalêm kemawon kang dipun têmpuh, botên angopèni ing tiyang kathah. Sultan Pajang sarêng mirêng sakalangkung suka sarwi ngandika, sokur kakang, dika piyambak ingkang sagah amêngsah pun Arya Jipang, nagari ing Pathi lan Mataram êmpun kaliya, lan reka dika kadipundi. Ki Pamanahan matur, benjing-enjing bala ing Pajang sadaya sami angrakita gêgaman. Nanging wontêna ing pasanggrahan kemawon. Kula lan sasantana kula piyambak ingkang lumampah prang. Sultan inggih anuruti ing aturipun Ki Pamanahan.

Sarêng enjing Ki Pamanahan lan Panjawi, tiga Ki Juru Martani, sakawan Radèn Ngabèi Loring Pasar sarta sakulawangsanipun sadaya, watawis tiyang kalih atus. Lajêng sami mangkat dhatêng sakilèning banawi cakêt, sarta sampun sami angatos-atos. Ki Pamanahan kalih Ki

--- 96 ---

Panjawi, tiga Ki Jurumartani, lajêng sami kesah tanpa bala, anjujug panggenan pangaritan, angupados pakathik ngarit. Nuntên wontên pakathik mêncil satunggal. Lajêng dipun pitakèni dhatêng Ki Pamanahan. Kowe iki pangarite sapa, ki pakathik sumaur, kula gamêlipun Adipati Jipang, ingkang angêritakên titihanipun anama Gagak Rimang, Ki Panjawi sarêng mirêng yèn punika gamêlipun Arya Panangsang, enggal dipun tubruk dhatêng Ki Panjawi, pakathik botên sagêd polah. Ki Pamanahan wicantên sarta mèsêm. Ki sanak, kula nêdha maklum dika, kuping dika niku kula jaluke sisih kemawon. Ki pakathik sumaur, ah puniku dede padu, kuping ajêng dika jaluk. Angur dika mundhuta kranjang sarta arit, pêsthi kula sukakakên. Ki Pamanahan wicantên malih, yèn dika botên awèh kula jaluk, ênggih bakal kula tuku, sapintên rêgane. Ki pakathik sumaur, sanajan dika tukua kula inggih botên awèh, kula botên melik yatra, lan saumur kula dèrèng nate wade kuping. Ki Pamanahan wicantên malih, angur êndi kowe tak tuwêk. Pakathik inggih lajêng nyumanggakakên kupingipun. Nuntên dipun paringi yatra gangsal wêlas reyal, kupingipun pinêrung sasisih, ingkang sasisih kinanthilan sêrat panantang, dipun kèn ngaturakên ing gustinipun. Ki pakathik [pa...]

--- 97 ---

[...kathik] nuntên lumajêng mantuk dhatêng wetan banawi, sadhatêngipun ing pasanggrahan anêrak abdinipun Arya Panangsang kang sami sowan. Pêpatih ing Jipang anama Ki Mataun sakalangkung kagèt, aningali pakathikipun sang dipati agubras rah, kupingipun pinêrung sasisih sarta kakalung sêrat, lumajêng sumêja sowan ing gustinipun. Nuntên dipun kèn nyêpêng dhatêng Ki Mataun, badhe dipun pitakèni, ki pakathik budi, kêdah lumêbêt sowan ing gustinipun.

Kala samantên Arya Panangsang pinuju dhahar, kagèt mirêng rame ing jawi, lajêng akèn nimbali Ki Mataun. Arya Panangsang ngandika, Mataun, apa kang dadi rame-rame ing jaba iku, Ki Mataun matur, bêndara, mugi sampeyan dumugèkakên ênggèn sampeyan dhahar, mangke kemawon kula matur, sabab wartos botên sae. Mila Ki Mataun matur makatên, sabab sumêrêp watêking gustinipun, yèn sangêt panasbaran sarta kêndêl. Samangsanipun sampun sumêrêp ing wartos wau botên wande nuntên mangkat atilar bala. Arya Jipang ngandika, Mataun enggal tutura marang aku aja anganggo wêdi, Ki Mataun inggih dèrèng purun, matur kèndêl kemawon. Nuntên pakathik wau ucul ênggènipun sami nyêpêngi, lumêbêblumêbêt. sowan ing ngarsanipun sang adipati. Arya Jipang enggal andangu, iku

--- 98 ---

wong apa dene awake gubras gêtih. Ki Mataun matur sarwi nêmbah, inggih punika ingkang dados gumêdêr ing jawi wau, gamêl sampeyan dipun pêrung kupingipun sasisih, sarta kinalungan sêrat. Sêrat lajêng pinundhut tinampèn ing asta kiwa, astanipun têngên taksih angêpêl sêkul. Sêrat winaos, ungêlipun, pèngêt, layang ingsun Kangjêng Sultan Pajang, tumêkaa marang Arya Panangsang, liring layang, yèn sira nyata wong lanang sarta kêndêl, payo prang ijèn, aja anggawa bala, nyabranga marang sakulon bêngawan saiki, sun êntèni ing kono. Arya Panangsang sasampuning maos sêrat sakalangkung dukanipun. Wadananipun dados rah, ambêngipun kabithi sarwi angêpêl sêkul. Panjang ambêng sigar dados kêkalih, Arya Panangsang enggal jumênêng angrasuk busananing prang, sarta akèn ngambili titihanipun anama Gagak Rimang, nuntên nitih titihan sarwi mandhi waos anama Dhandhang Mungsuh, Ki Mataun matur, bêndara, sampeyan kèndêla sakêdhap, angêntosana bala, mila makatên, sampeyan punika mêsthi badhe kenging ing gêlar utawi paekan. Arya Panangsang botên amirêngakên aturipun Ki Mataun, malah sangsaya sangêt dukanipun kados dipun unggar-unggar. Nuntên wontên saduluripun nèm Arya Panangsang anama Arya Mataram, enggal murugi sarta matur, kakang, sampeyan kèndêl rumiyin, [rumiyi...]

--- 99 ---

[...n,] angêntosana bala. Arya Panangsang ngandika, wis mênênga, aja carèwèt, aku ora wêdi, wis jamake wong prang iku dikarubut ing akèh. Ingkang rayi taksih matur kathah-kathah. Arya Panangsang ngandika bêngis. Wis lungaa, aku ora ngajak kowe, sabab kowe sadulurku seje biyung, amêsthi ora kêndêl kaya aku, Arya Panangsang anyèmêthi kudanipun sampun nyandêr ijèn. Arya Mataram mantuk sangêt sakit manahipun. Ki Mataun nututi botên kacandhak. Sabab sampun sêpuh sarta gadhah sakit mêngi. Lampahipun Arya Panangsang sampun dumugi sawetaning bêngawan sore cakêt. Kacariyos wêwalêripun tiyang ingkang rumiyin-rumiyin, yèn tiyang ajêng-ajêngan badhe pêrang, sintên ingkang nyabrang bênawi punika amêsthi apês pêrangipun.

Wondene Ki Pamanahan, kalih Ki Panjawi, tiga Ki Juru, sakawan Radèn Ngabèi, lan sabalanipun sadaya inggih sampun sami mirantos wontên sakilèn bênawi cakêt. Sampun sami aningali yèn Arya Panangsang dhatêng ijèn. Tiyang Sêsela sami suka ing manahipun. Arya Panangsang wicantên sêru, hèh wong Pajang, sapa kang awèh layang panantang marang aku, dikêbat nyabranga mangetan, aku karubutên ing akèh, lan wis dhêdhêmênaku yèn prang dikarubut ing akèh. Tiyang

--- 100 ---

ing Sêsela sami sumaur, iya gustiku Sultan Pajang kang awèh layang nyang kowe, yèn kowe nyata kêndêl nyabranga mangulon dikêbat, dak kêmbari padha siji. Arya Panangsang mirêng sêsumbar makatên talinganipun kados sinuwèk. Sangêt ing nêpsunipun. Titihanipun enggal dipun gêbrag sarta cinamêthi, kagêbyurakên ing toya, kuda inggih lajêng anglangi, gigiripun botên têlês. Panglangining titihanipun Arya Panangsang sampun dumugi ing pinggir kilèn. Lajêng sami dipun sanjatani, tuwin binêngkolang dhatêng tiyang Sêsela, wontên kang nalorong waos, nanging botên kenging. Titihanipun Arya Panangsang nuntên cinamêthi malumpat saking toya, dumugi satêngahe barisipun tiyang Sêsela, kathah kang rêbah katunjang ing titihanipun Arya Panangsang, kapal lajêng anyepaki sarta ambrakot. Ingkang nitih inggih angamuk kalihan waos. Tiyang Sêsela kathah kang tatu tuwin pêjah. Arya Panangsang ngamuk sarwi wicantên. Si Karèbèt ana ngêndi, kang sanggup angêmbari prang karo aku, dene ora nana katon. Arya Panangsang dangune ngamuk tansah amungsêng ngupadosi ing Sultan Pajang kemawon.

Arya Panangsang nuntên kinarubut ing kathah, dipun tumbaki saking kiwa têngên tuwin ngajêng wingking, Arya Panangsang sampun tatu lambungipun têngên, ususipun mêdal. Lajêng kasampirakên [kasampira...]

--- 101 ---

[...kên] ing ukiraning dhuwung, sarta sangsaya riwut pangamukipun, botên nêja gêsang, tiyang ing Sêsela tuwin tiyang tamtana sangsaya kathah kang tatu tuwin pêjah, Radèn Ngabèi Loring Pasar enggal badhe amêthukakên pêrangipun Arya Panangsang anitih bêlo, bêbathilan surinipun, sarta amandhi waos nama Kyai Plèrèd. Ki Pamanahan kalih Ki Panjawi, tiga Ki Juru sami anjagèni ing wingkingipun, sampun ajêng-ajêngan lan Arya Panangsang. Kyai Juru enggal anguculakên kuda èstri, kudanipun Arya Panangsang sarêng aningali kuda èstri lajêng bigar thakur-thakur, mobat-mabit, nujah-nujah, titihanipun Radèn Ngabèi lajêng bandhang ngantos sapambalang têbihipun. Radèn Ngabèi mèh dhawah lajêng angrangkul guluning kapal. Sarêng kapal sampun kèndêl, Radèn Ngabèi enggal tumurun sarta anuntun kapal. Radèn Ngabèi andhawahakên prasapa, besuk ing saturunku, yèn pêrang, aja ana kang nunggang jaran bêbathilan. Sabab bakal anêniwasi. Kapal sampun kasukakakên ing rencangipun, Radèn Ngabèi umangsah dharat, sarta amandhi waos Kyai Plèrèd. Sampun ajêng-ajêngan lan Arya Panangsang. Arya Panangsang wicantên. Sapa jênêngmu wong nonoman amapagake pêrangku, angur mundura, eman mênawa mati, Si Pajang undangên kang sanggup prang ijèn karo aku, nanging titihanipun Arya [Ar...]

--- 102 ---

[...ya] Panangsang wau taksih mobat-mabit sarta thakur-thakur dados botên kaurkobêr (dan di tempat lain). [ka...]

--- 103 ---

[...ur] mapanakên waosipun. Lajêng dipun waos dhatêng Radèn Ngabèi dhadha têrus ing gigir, kapalipun inggih sampun pêjah karampog, jisimipun lajêng dipun saèni dhatêng têtiyang ing Sela, Radèn Ngabèi waosipun pugut sabêras. Botên antawis dangu Ki Mataun dhatêng angamuk, tinadhahan karampog ing têtiyang kathah sampun pêjah, sirahipun kakêthok lajêng dipun panjêr sapinggiring lèpèn. Kala samantên sinangkalan 1471, anuntên bala ing Jipang dhatêng sagêgamanipun sakalangkung kathah, kandhêg sapinggiring lèpèn, sampun sami kamirêngan yèn gustinipun sarta Ki Mataun sampun pêjah, Radèn Ngabèi enggal ngandika sarta astanipun angawe saking pinggir kilèn bênawi, hèh wong Jipang yèn kowe durungadurung. sumurup, bêndaramu sarta pêpatihe wis padha mati, êndhase tak panjêr iki dêlêngên. Kang bakal korêbut apa, luwih bêcik padha nungkula bae marang aku, sabab kowe wong cilik. Amêsthi ora sumurup apa-apa, dene Ki Mataun patut yèn belaa mati, awit milu mukti ing bêndarane. Tiyang ing Jipang sadaya sarêng mirêng nuntên sami sumêja nungkul. Sampun sami ambongkoki gêgaman, lajêng sami anyabrang mangilèn, asowan ing Radèn Ngabèi, sampun kabêkta dhatêng ing pasanggrahan.

Sarêng ing wanci dalu Ki Pamanahan kalih Ki Panjawi, tiga Ki Juru, sakawan Radèn Ngabèi, sami pirêmbagan bab ingkang amêjahi Arya Panangsang, Ki Juru wicantên dhatêng Ki Pamanahan. Kadospundi pamikir sampeyan. Sarèhning kang mêjahi Arya Panangsang Radèn Ngabèi, punapa badhe sampeyan aturakên ing sayêktosipun dhatêng kangjêng sultan. Ki Pamanahan amangsuli, ki ipe, tiyang dhasar punika ingkang mêjahi Arya Panangsang, kula inggih badhe matur ing sayêktosipun kemawon. Kyai Juru wicantên malih, ing pamanah kula prayogi sampeyan kang angangkênana mêjahi dhatêng Arya Panangsang, kalih Ki Panjawi, mila makatên, ing samangsanipun sampeyan aturakên Radèn Ngabèi kang mêjahi Arya Panangsang, botên wande badhe dipun ganjar busana kang adi-adi kemawon sapanunggilanipun. Mêsthi badhe botên kaganjar nagari, sabab Radèn Ngabèi punika taksih lare, amêsthi rêmên ing busana kang sae-sae, kaping kalihipun sampun kapundhut putra pambajêng ing kangjêng sultan. Amêsthi kangjêng sultan kenging angganjar ing sakarsa-karsanipun kemawon. Bilih sampeyan kang ngangkêni, sarta Ki Panjawi, inggih badhe siyos tampi ganjaran nagari ing Pathi lan Mataram. Ki Pamanahan lan Panjawi sarêng mirêng wicantênipun Ki Juru salangkung bingah

--- 104 ---

manahipun, sarta amiturut. Utawi Radèn Ngabèi inggih sampun miturut ing pirêmbag wau sarta lajêng dipun umumakên dhatêng balanipun sadaya, yèn ingkang amêjahi Arya Panangsang Ki Pamanahan lan Ki Panjawi.

Ing enjingipun nuntên bidhal saking ngriku sumêja sowan ing Sultan Pajang sarta angirit tiyang Jipang kang sami têluk. Sadhatêngipun ing ngarsane Kangjêng sultan, enggal kadangu, Kakang Panjawi Pamanahan, napa dika padha oleh gawe, Ki Pamanahan matur, yèn Arya Panangsang sampun pêjah, amargi prang dipun but kalih, lan Ki Panjawi, sarta angaturakên tiyang Jipang kang sampun sami nungkul. Kangjêng sultan sakalangkung suka, lajêng andangu dhatêng Mantri ing Jipang, Mantri Jipang, Si Arya Panangsang biyèn duwe sadulur nom, jênênge Arya Mataram. Samêngko ana ngêndi. Mantri Jipang matur nêmbah, gusti, kalanipun Arya Panangsang badhe mangkat pêrang, Arya Mataram matur anggêgondhèli, ingkang raka kapurih angêntosana bala, nanging lajêng dipun dukani kathah-kathah dhatêng ingkang raka, Arya Mataram sakit manahipun lajêng kesah, kula botên sumêrêp ing purugipun. Kangjêng sultan ngandika malih dhatêng Ki Pamanahan. Kakang êmpun bangêt tarima kula marang dika lan marang si kakang Panjawi, mungguh ganjaran kula nagara ing Pathi lan Mataram, dika dum dhewe lan Ki Panjawi, sarèhning dika kang tuwa kula lilani yèn miliha dhingin, pundi kang dika

--- 105 ---

sênêngi. Ki Pamanahan matur, sarèhning kula dados sêpuh pantês angawon. Kula milih kang taksih dados wana kemawon. Pun adhi Panjawi anampanana ing Pathi kang sampun dados nagari, sarta kathah tiyangipun. Kula ing Matawis ingkang taksih dados wana. Sultan ngandika malih, yèn êmpun padha narima ing sakarone, si kakang Panjawi tumuli mangkata marang ing Pathi saka ing ngriki kemawon. Nagara ing Pathi dèn tataa kang bêcik. Dene nagara Mataram besuk yèn kula êmpun mulih marang ing Pajang bakal kula wèhake marang si kakang Pamanahan. Lan malihe kakang Pamanahan, dika êmpun mulih barêng lan kula, dika mênyang ing Danaraja dhingin, angaturana uninga marang kakang bok, yèn Si Arya Panangsang êmpun mati dene dika lan Si kakang Panjawi, kakang bok kula aturi luwar anggènipun tapa, tumuli ngagêma sinjang, dika êmpun lawas-lawas, nuli dika mulih. Ki Pamanahan aturipun sandika, lajêng sami mangkat, kangjêng sultan kondur dhatêng Pajang, Ki Panjawi dhatêng ing Pathi, Ki Pamanahan dhatêng ing rêdi Danaraja. Lampahipun Ki Panjawi sampun dumugi ing Pathi, lajêng anama Kyai Agêng Pathi sarta sampun mukti, kala samantên kathahipun têtiyang ing Pathi salêksa.

Dene lampahipun Ki Pamanahan inggih sampun dumugi ing rêdi Danaraja, lajêng matur dhatêng Ratu Kalinyamat, [Kalinyama...]

--- 106 ---

[...t,] yèn Arya Panangsang sampun pêjah, amargi pêrang kalihan piyambakipun sarta Panjawi. Ratu Kalinyamat sarêng mirêng sakalangkung bingah manahipun, enggal angagêm sinjang sarta lajêng ngandika, sokur adhi yèn Si Jipang wis mati dening kowe, sarta kowe wis wajib dakngèngèri, ing mêngko nagara Kalinyamat lan ing Prawata tampanana. Ki Pamanahan matur, bakyu, kula sampun dipun ganjar nagari Matawis. Pun adhi Panjawi ing Pathi, dene nagari ing Kalinyamat lan Prawata inggih katura ing rayi sampeyan kangjêng sultan kemawon. Ratu Kalinyamat ngandika malih, adhi, yèn kaya mangkono, rajabranaku iki kabèh bae tampanana, gawenên mragadi ênggonmu bakal andandani nagara Mataram. Ki Pamanahan matur, rajabrana punika kula inggih botên ajêng, sadaya inggih prayogi katur ing kangjêng sultan, amung ingkang nama pusaka kemawon, kenginga kula suwun piyambak ing sampeyan. Ratu Kalinyamat ngandika sarta angulungakên. Ênya adhi, amung rupa ali-ali loro iki pusakaku, kang siji mirah, jênêng Si Mênjanganbang, kang siji intên, jênêng Si Uluk. Ki Pamanahan nampèni sarta matur nuwun. Ratu Kalinyamat ngandika malih, nanging wêkasku adhi, dirêmit ênggonmu angrawati pusaka iku, supaya yayi prabu aja sumurup. Ing samangsane kongsi kawuningan, [kawuninga...]

--- 107 ---

[...n,] amêsthi bakal andadekake ing kaluputanamu, karo dene wong wadon iki tampanana kabèh, iku kabèh tilas sêsêngkêrane kakangmu swargi ing Kalinyamat lan Prawata, aku ngèngèhana kang tuwa-tuwa bae, supaya anaa kang angladèni aku. Ki Pamanahan aturipun sandika, lajêng pamit sarta ambêkta tiyang èstri tuwin, rajabrana, lampahipun Ki Pamanahan mampir ing Sêsela, anantun dhatêng para santananipun, kaajak gêgriya ing Matawis. Para santananipun ing Sêsela wau ingkang sami trêsna inggih lajêng sami tumut, kathahipun kalih bêlah atus.

Ki Pamanahan sampun bidhal saking ing Sêsela, dumuginipun ing Pajang lajêng sowan ing kangjêng sultan, angaturakên ênggènipun kautus dhatêng ing rêdi Danaraja, sarta angaturakên rajabrana tuwin tiyang èstri kang saking Kangjêng Ratu ing Kalinyamat. Sultan Pajang ngandika, bangêt panarima kula kakang marang dika, olèh-olèh dika niku dika êpèk dhewe, kula botên ajêng, sabab kêkaya dika marang kula êmpun akèh, patine Si Arya Panangsang sarta sanagarane, amung wong wadon iku kemawon kula pilihane, mênawa ontên kang kula sênêngi bakal kula pundhut. Ki Pamanahan aturipun sakalangkung ing panuwunipun, sarta sawarninipun tiyang èstri wau inggih lajêng sami kasowanakên [kasowanakê...]

--- 108 ---

[...n] ing ngarsanipun kangjêng sultan. Kangjêng sultan inggih nuntên amilih, amung satunggil ingkang dipun sênêngi, nanging taksih alit. Sultan ngandika dhatêng Ki Pamanahan. Kakang, bocah wadon siji niku kemawon kula pundhut, nanging kula titipake marang dika, dika rêksa kang bêcik, besuk yèn êmpun birahi kula pundhut dika aturake marang kadhaton. Ki Pamanahan aturipun sandika. Kangjêng sultan ngandika malih dhatêng Ki Pamanahan. Kakang, dika mulih kemawon dhingin. Besuk yèn kula miyos sinewaka, tanah Mataram bakal kula paringake marang dika. Ki Pamanahan aturipun sandika inggih lajêng mantuk.

Kacariyos sampun langkung saking antawis ing laminipun, kangjêng sultan ing sabên-sabên inggih miyos sinewaka, nanging botên ngandika bab tanah Matawis. Ki Pamanahan sangêt-sangêt ing pangajêng-ajêngipun anggènipun badhe tampi ganjaran tanah ing Matawis. Kyai Juru tansah pitutur akèn sabar, sabab botên wontên adatipun ratu cidra ing pangandikanipun, nanging Ki Pamanahan sampun isin aningali ing tiyang kathah sarta èngêt ing sakiting manahipun dhatêng kangjêng sultan, amargi dipun cidrani. Kala samantên Ki Pamanahan kesah saking nagari adhêdhêkah ing dhusun Kêmbang Lampir amêrtapa wontên ing ngriku, sarêng sampun antawis lami, anuntên Susunan [Su...]

--- 109 ---

[...sunan] Kalijaga têdhak dhatêng Kêmbang Lampir, atêtuwi ing Ki Pamanahan. Ki Pamanahan enggal anyungkêmi ing sukunipun sang pandhita, sampun sami tata lênggah, sang pandhita ngandika, yagene sira têka dhêdhukuh ana ing kene, aninggal marang si thole ing Pajang. Ki Pamanahan matur, kilap punapa sampeyan, ing sadèrèngipun kula matur, amêsthi sampeyan sampun sumêrêp. Sang pandhita mèsêm sarwi ngandika, ingsun ya wis wêruh kang dadi karêpira, sira aja susah tutur, payo sira milua marang ingsun, ingsun sebakake marang si thole ing Pajang, sarèhning sira sadulur tunggal guru karo si thole ing Pajang, ingsun amêsthi patut angrukuna ênggone padha saduluran. Supaya aja ana kang bênggang ing karêp. Sang pandhita wau lajêng mangkat dhatêng Pajang, Ki Pamanahan inggih andhèrèk. Dumarojog dhatêng ing kadhaton, botên mawi larapan. Sultan pinuju lênggah, sarêng aningali sang pandhita dhatêng enggal amêthuk, sarta anyungkêmi sukunipun. Nuntên kabêkta lênggah, sang pandhita ngandika dhatêng kangjêng sultan. Thole sultan, yagene sira cidra ing jangjinira marang kakangira Pamanahan. Sira wis sanggup angganjar tanah Mataram timbangane ing Pathi, kakangira Ki Panjawi wis anampani ing Pathi, Ki Pamanahan durung anampani ing Mataram. Sultan Pajang matur, milanipun [milani...]

--- 110 ---

[...pun] ing Matawis dèrèng kula sukakakên dhatêng kakang Pamanahan, dene taksih cêngkar bana, lan sakêdhik tiyangipun. Sêja kula pun kakang Pamanahan badhe kula sukani nagari sanèsipun, kula pilihakên kang sampun kathah tiyangipun, sarta kang rêja. Sang pandhita sampun sumêrêp ingkang dados pakèwêding galihipun Sultan Pajang, nanging botên purun amêlèhakên. Sang pandhita lajêng ngandika, yagene sultan, Ki Pamanahan badhe sira wèhi nagara liya, wong wis dadi jangjinira dhewe, yèn ing Pathi lan Mataram iku kang môngka ganjaran. Ing samangsane Ki Pamanahan sira wèhi nagara liyane ing Mataram. Dadi sira kêna diarani ratu cidra, ing saiki tumuli ing Mataram paringna marang Ki Pamanahan, supaya aja ana kang marêngut, tulusa ênggonira saduluran. Sultan Pajang dangu anggènipun botên amangsuli dhatêng sang pandhita akèndêl kemawon. Yèn sampuna ajrih ing guru, amêsthi ing Mataram botên siyos kaparingakên dhatêng Ki Pamanahan. Ing wêkasan alon matur, milanipun ing Matawis badhe botên kula sukakakên dhatêng kakang Pamanahan, kula mirêng wirayatipun Sunan Giri, yèn ing Matawis benjing badhe wontên ingkang jumênêng ratu agêng kados kula. Sang pandhita ngandika, yèn kang dadi pakewuhing atinira mangkono, iku gampang bae, kakangira

--- 111 ---

Ki Pamanahan pundhutên prasêtyane, ingsun kang nêksèni, payo thole Pamanahan, sira prasêtyaa marang adhinira sultan. Ingsun kang nêksèni. Ki Pamanahan enggal matur prasêtya, sang pandhita, kula mugi sampeyan sêksèni, mênawi kula gadhah cipta badhe jumênêng ratu wontên ing Matawis, utawi sumêjaa angêndhih karaton ing Pajang, awak kula piyambak mugi sampun manggih wilujêng, wikana ingkang wingking-wingking, sintên ingkang sumêrêp ing karsaning Allah. Sang pandhita ngandika dhatêng Ki Pamanahan. Wis cukup prasêtyamu iku, ingsun ya wis anêksèni. Wondene Sultan Pajang inggih sampun lêga galihipun, amirêng prasêtyanipun Ki Pamanahan. Nanging botên sumêrêp yèn punika ujar keras. Lajêng ngandika dhatêng Ki Pamanahan. Dawêg kakang Pamanahan, ing Mataram dika tampani, nanging taksih dados alas. Ki Pamanahan inggih sampun anampèni sarta sangêt ing panuwunipun. Sang pandhita ngadika, thole Pamanahan, sira nuli ngaliha marang Mataram lan saanakbojonira, sarta ingsun dongakake tulusa ênggonira saduluran lan si thole sultan. Wis padha karia ingsun mulih, sang pandhita sampun mangkat. Ki Pamanahan inggih sampun mantuk dhatêng ing griyanipun, lajêng pradandosan.

--- 112 ---

Kacariyos Ki Pamanahan sampun pêputra pitu, pambajêngipun anama Radèn Ngabèi Loring Pasar, kalih Radèn Jambu, tiga Radèn Santri, sakawan Radèn Tompe, gangsal Radèn Kadhawung, nênêm èstri krama angsal Tumênggung Mayang ing Pajang, pitu èstri krama angsal Arya Dhadhaptulis ing Pajang, putra èstri kêkalih wau sami tumut lakinipun, botên tumut dhatêng ing Matawis.

Sarêng sampun anggènipun pradandosan, Ki Pamanahan lajêng sowan nyuwun pamit ing sang nata, lan sagarwaputranipun tuwin santananipun sadaya, sadhatênge ing ngarsanipun sultan. Ki Pamanahan anyuwun pamit sarta sêsalaman. kangjêng sultan ngandika, inggih kakang, mugi salamêta ingkang mangkat, ingkang kantun inggih salamêta, Ki Juru inggih sampun jawab tangan kalihan sang nata, tuwin garwa putranipun Ki Pamanahan sarta santananipun sami angujung gêntos. Radèn Ngabèi Loring Pasar arêrangkulan kalihan putranipun pambajêng kangjêng sultan kang nama Pangeran Banawa, kalih-kalihipun sami ambrêbês mili. Ki Pamanahan lan sagarwaputranipun tuwinatuwin.

santananipun sadaya sampun mangkat saking Pajang, asêlur rêmbatan tuwin gotongan. Sadandosanipun tiyang gêgriya botên kantun. Lampahipun sakalangkung rêmbênipun. Kala samantên sampun dumugi ing Taji, lajêng sami kèndêl alênggah sangandhaping waringin.

--- 113 ---

Kacariyos Ki Agêng ing Karanglo, sampun sumêrêp yèn Ki Pamanahan boyong dhatêng ing Matawis. Ki Agêng Karanglo sumêja asêsêgah sêkul sarta pêcêl pitik jangan mênir, Ki Agêng Karanglo lan garwanipun sampun dumugi ing Taji, lajêng sêsalaman sarta matur dhatêng Ki Pamanahan. Kula angaturi sêsêgah sêkul, sarta pêcêl pitik jangan mênir, supados dadosa jêjampining lêsu. Ki Pamanahan mangsuli, inggih kisanak, sangêt ing panarima kula ing sih jêngandika, Ki Pamanahan lan sagarwaputranipun lajêng sami dhahar, waradin lan sabrayatipun sadaya, sami tuwuk. Ki Pamanahan angandika, bangêt panarima kula adhi, ênggèn kula nêdha lan sabrayat kula sadaya sami eca sarta tuwuk, dados kula rumaos kapotangan dhatêng dika, pintên banggi ing benjing yèn kula sagêd malês. Ki Agêng Karanglo matur nuhun.

Ki Pamanahan nuntên mangkat saking ngriku, Ki Agêng Karanglo inggih andhèrèk, sumêja ngatêrakên dumugi ing Matawis. Ing samargi-margi tansah ênggènipun minta sih, supados ing têmbe wingking sagêda tumut mukti. Kala samantên lampahipun sampun dumugi ing lèpèn Ompak.Opak (dan di tempat lain). Susunan Kalijaga pinuju siram, wontên ing ngriku, Ki Pamanahan lan Karanglo enggal sami amurugi dhatêng sang pandhita, Ki Pamanahan angosoki [ango...]

--- 114 ---

[...soki] sukunipun sang pandhita kang têngên. Ki Karanglo suku kang kiwa. Sang pandhita alon ngandika dhatêng Ki Pamanahan. Wêruhanamu ing besuk turune Ki Karanglo iki bakal milu mukti ing turunmu, nanging ora wênang kasêbut mas utawa radèn. Lan ora wênang nunggang jêmpana utawi tandhu, wis padha bacuta lakumu. Ki Pamanahan sarta Ki Agêng Karanglo inggih lajêng mangkat, sampun dumugi ing Matawis, lajêng atata pemahan wontên ing ngriku, kala samantên sinêngkalan 1532.

Kacariyos ing Matawis, punika sitinipun radin, sarta kathah toya, kathah wowohan, pala gumantung, pala kapêndhêm, pala kasimpar, tulus kang sarwa tinandur. Kalangênan ing toya lan ing dharat inggih kathah, sawarnining sumbêr toyanipun sakalangkung bêning, tiyang gêgramèn inggih kathah, wontên ingkang lajêng agêgriya ing ngriku, Ki Pamanahan sampun angalih nama Ki Agêng Matawis, sarta sampun mukti sakulawangsanipun sadaya, nanging Ki Agêng Matawis wau tansah ambantêr ing tapanipun, sabab sumêrêp ing wirayatipun Sunan Giri, yèn ing Mataram benjing badhe wontên kang jumênêng ratu agêng angrèh ing tanah Jawi sadaya, ciptanipun Ki Agêng Matawis yèn sayêktos wirayat wau sampun liya saking turunipun. Milanipun Ki Agêng wau botên pêgat [pê...]

--- 115 ---

[...gat] ênggènipun tapa utawi tirakat dhatêng ing wana sarta ing rêdi. Kala samantên Ki Pamanahan kesah tirakat ijèn, sarta sumêja anuwèni sadhèrèkanipunsadhèrèkipun. ing tanah rêdi Kidul anama Kyai Agêng Giring utawi Ki Agêng Paderesan. Anggènipun sadherekan kalihan Ki Agêng Matawis sakalangkung sae, sampun kados sadulur tunggil rama ibu.

Kacariyos Ki Agêng Giring wau inggih sangêt anggènipun tapa, pandamêlanipun andèrès. Ing wanci enjing Ki Agêng anginggahi paderesanipun. Ing ngriku wontên tirisan satunggil, cakêt lan kang sawêk dipun inggahi Ki Agêng, tirisan wau salaminipun dèrèng nate awoh, ing dintên punika wontên wohipun satunggil, dawêgan. Ki Agêng sawêg atrap bumbung wontên ing nginggil tirisan. Anuntên mirêng swara, prênahipun ing swara wontên ing dawêgan satunggil wau, ujaring swara, Ki Agêng Giring, wruhanamu, sapa kang ngombe banyu dêgan iki, yèn kongsi êntèk, iku saturun-turune bakal dadi ratu gêdhe, amêngku ing tanah Jawa kabèh. Ki Agêng Giring sarêng mirêng swara makatên, enggal mudhun saking anggènipun andèrès. Wontên ngandhap sampun sèlèh bonjor, lajêng amènèk dawêgan satunggil wau, sampun kapêndhêt binêkta mudhun. Dene deresanipun botên dipun manah, namung dawêgan [da...]

--- 116 ---

[...wêgan] kang pinêlêng binêkta mantuk. Sadhatêngipun ing griya lajêng dipun parasi, nanging botên lajêng dipun unjuk. Mila makatên pamanahipun Ki Agêng, sarèhning taksih enjing dados kakintên botên têlas yèn dipun unjuka, sabab dèrèng ngêlak. Karsanipun Ki Agêng badhe babad dhatêng wana rumiyin adamêl ngêlak. Dawêgan lajêng kasinggahakên ing paga sanginggiling pawon. Ing sadintên punika Ki Agêng botên angopèni padamêlanipun anggodhog lêgèn adamêl gêndhis. Amung manah dawêgan kemawon. Ki Agêng Giring nuntên kesah dhatêng ing wana sumêja babad.

Ing sapêngkêripun Ki Agêng Giring Ki Agêng ing Matawis dhatêng wontên ing ngriku, sarta pitaken dhatêng semahipun Ki Agêng Giring, bakyu, wakane dhatêng pundi, dene botên wontên kêtingal. Nyai Giring sumaur, raka dika kesah dhatêng wana ucal kajêng. Ki Agêng Matawis lajêng lumêbêt ing pawon, sumêja ngunjuk kilang, sarêng aningali ing pawon sêpên. Botên wontên kilang utawi lêgèn, amung dawêgan satunggil ingkang wontên tumumpang ing paga, enggal kapêndhêt dhatêng Ki Agêng Matawis, kabêkta lumêbêt ing griya, lênggah ing ambèn, sarta ambolong dawêgan. Sumêja dipun unjuk toyanipun, sarta wicantên dhatêng Nyai Giring, bakyu, punapaa dene botên anggodhog lêgèn. Kula dhatêng [dha...]

--- 117 ---

[...têng] pawon ajêng ngombe, ngupados lêgèn botên angsal. Nyai Giring sumaur, inggih amung sadintên punika towong, karsane raka aso, Nyai Giring kagèt aningali dawêgan badhe dipun unjuk dhatêng Ki Agêng Matawis, enggal wicantên. Adhi, dawêgan niku êmpun dika unjuk, wêlinge raka dika wantos-wantos, yèn siyos dika unjuk, amêsthi kula digitiki marang raka dika, Ki Agêng Matawis sumhur, bakyu, êmpun maras ati dika, dika sanjang yèn kula kang mêksa, sabab ngêlak kula sangêt, pinujunipun wontên dawêgan ing pawon, botên susah mènèk piyambak. Ki Agêng lajêng ngunjuk dawêgan, têlas sami sakal. Botên kantun sacêrêt-cêrêta, sakalangkung nikmat raosipun.

Botên antawis dangu Ki Agêng Giring dhatêng sarta angrêmbat kajêng, anjujug ing pawon. Kajêng sampun kasèlèhakên. Karsanipun Ki Agêng Giring badhe lajêng ngunjuk dawêgan. Sarêng dipun tingali ing paga dawêgan botên wontên, Ki Agêng enggal lumêbêt ing griya amanggihi Ki Agêng Matawis, sarta pitakèn dhatêng semahipun. Wong wadon, dawêganaku kang takdokok ing paga mau ana ing ngêndi, semahipun amangsuli, rayi dika niku kang mêndhêt, kula pênging botên kenging, wicantêne saking ngêlake, lajêng dipun unjuk. Kyai [Kya...]

--- 118 ---

[...i] Agêng Matawis sumambung, inggih sayêktos kula kakang, kang ngombe dawêgan. Tiyang sangêt ênggèn kula ngêlak. Sampeyan dukani inggih sumôngga. Ki Agêng Giring sarêng mirêng wicantênipun Ki Pamanahan, sangêt ênggènipun gêtun, dangu ênggènipun kèndêl. Bawaning tiyang sampun linuwih, dados sumêrêp ing takdir, yèn sampun pinêsthi karsa Allah, Ki Agêng Matawis badhe anurunakên ratu kang mêngku ing tanah Jawi. Ki Agêng Giring lajêng ambêlakakakên swara kang saking dawêgan sarta agadhah panêdha dhatêng Ki Agêng Matawis. Adhi, panêdha kula mêkatên kemawon. Sarèhning dawêgan sampun dika ombe, angsal kula anjaluk kadospundi, amung turun kula kemawon benjing kenginga gêgêntosan lan turun dika, turun dika sapisan, nuntên kagêntosan turun kula. Ki Pamanahan botên suka, panêdhanipun Ki Agêng Giring makatên wau ngantos ping nêm. Ki Agêng Matawis inggih botên suka, nuntên nêdha gêntos turun kaping pitu. Ki Agêng Matawis sumaur, adhi Allahu alam, sok sukaa ing wingking, kula botên nguningani. Ki Agêng Matawis lajêng pamit mantuk dhatêng ing Matawis.

Sarêng sampun antawis lami putranipun Ki Agêng Matawis kang nama Radèn Ngabèi Loring Pasar angrêmêni tiyang èstri sêsêngkêranipun Sultan Pajang kang saking Kalinyamat. Ingkang dipun titipakên dhatêng Ki Agêng Matawis. Dhawahipun [Dhawah...]

--- 119 ---

[...ipun] sultan, lare èstri wau samangsanipun sampun birai andikakakên ngaturakên dhatêng kangjêng sultan. Môngka ing mangke sampun birai, nanging lajêng dipun rêmêni dhatêng Radèn Ngabèi, mila Ki Agêng Matawis sangêt ênggènipun prihatos. Botên wande angsal dukanipun kangjêng sultan. Kala samantên Ki Agêng Matawis mangkat dhatêng Pajang sumêja ngaturakên ing kalêpatanipun. Radèn Ngabèi inggih binêkta, sadhatêngipun ing Pajang lajêng sowan lumêbêt ing kadhaton, sampun sêsalaman kalihan kangjêng sultan. Ki Agêng Mataram matur, sowan kula punika, kula angaturakên pêjah gêsangipun putra sampeyan Radèn Ngabèi Loring Pasar, amargi agêng kalêpatanipun ing panjênêngan sampeyan. Sultan Pajang mirêng aturipun Ki Pamanahan sakalangkung kagèt, sarta ngandika, kakang, Si Ngabèi dosanipun punapa, dene dika aturake pati uripe, wong êmpun kula pèk anak pambarêp. Dika êmpun botên milu anguwasani marang Si Ngabèi, Ki Agêng Matawis matur malih, milanipun pun Ngabèi kula aturakên makatên, sabab angrumiyini karsa sampeyan, akaronsih kalihan lare èstri ingkang kagadhuhakên dhatêng kula kang saking Kalinyamat rumiyin. Inggih saking tiwasipun anggèn kula rumêksa. kangjêng sultan nuntên ngandêka,ngandika. kakang, yèn kaluputane Si Ngabèi mêngkotên [mêngko...]

--- 120 ---

[...tên] mawon, kula ênggih êmpun ngapura, sarta banjur dika ningkahake, kula êmpun lila, nanging wêkas kula, bocah wadon wau yèn besuk êmpun botên kanggo êmpun disiya-siya, kalih dene dika kula tutuh ênggon dika momong marang Si Ngabèi kurang ati-ati, bênêre bocah êmpun diwasa mêngkotên rak dika rabèkake, utawa dika wèhi sêlir, supaya êmpun kongsi nêrak kaluputan. Ki Agêng Matawis sakalangkung ênggènipun ngrêrêpa, angraos yèn kadukan ing batos. Sarêng kangjêng sultan sampun kendêl ênggènipun ngandika, Ki Agêng Matawis sarta Radèn Ngabèi nuntên pamit mantuk dhatêng ing Matawis. Sadhatêngipun ing Matawis Radèn Ngabèi inggih lajêng kêpanggih kalihan lare èstri wau, ing lami-lami sampun apêputra jalêr satunggil abagus warninipun, kanamanan Radèn Rôngga, ingkang rama ibu sakalangkung asih.

Kacariyos Sultan Pajang bidhal dhatêng ing Giri lan sabalanipun sadaya, Ki Agêng Matawis inggih andhèrèk. Sumêja nyuwun idi anggènipun jumênêng sultan dhatêng Sunan Parapèn. Kala samantên para bupati ing bang wetan sami pêpak wontên ing ngriku sadaya, ing Japan, Wirasaba, Kadhiri, Surabaya, Pasuruan, ing Madura, Sadayu, Lasêm, Tuban, ing Pathi,

--- 121 ---

sarta sami damêl pasanggrahan wontên ing ngriku. Ing satunggil dintên Sunan Parapèn miyos siniwaka, Sultan Pajang sarta para dipati sami lênggah jèjèr, balanipun sami linggih ing wingkinge gustine piyambak-piyambak. Sultan Pajang nuntên katimbalan lênggah cakêt lan sang pandhita, sarta kamupakatakên anggènipun jumênêng sultan amêngku nagari ing Pajang ajêjuluk Sultan Prabu Awijaya,Adiwijaya. utawi sang pandhita inggih sampun angidèni, kala samantên sinêngkalan 1503.

Anuntên pêpundhutan dhahar mêdal, lumintu saking kadhaton. Sunan Parapèn lan Sultan Pajang sarta para bupati sami dhahar, sang pandhita ngandika, anak ingsun para bupati kabèh, diatut ênggonira padha saduluran, aja ana kang sulaya ing budi, dipadha ati raharja, sokura ing Allah ing salungguhe dhewe-dhewe, kang tinitah dadi gêdhe, lan kang tinitah dadi cilik. Iku wis pêsthine dhewe-dhewe, ingsun têdha ing Allah, anak putuningsun kabèh padha salamêta ing donya ngakherat. Para bupati sadaya asaur pêksi. Para bupati sarêng sampun anggènipun sami dhahar, nuntên kalorodakên dhatêng para abdi, para abdi inggih lajêng sami nêdha, Sunan Giri sangêt anggènipun mandêng dhatêng Ki Agêng Matawis, sabab Sunan Giri wau sumêrêp ing sadèrènge winarah, nuntên andangu dhatêng Sultan [Sulta...]

--- 122 ---

[...n] Pajang, thole, baturmu kang mangan ngèrèni iku jênênge sapa, Sultan Pajang matur, punika rencang kula patinggi ing Matawis, ingkang dipun rèh siti wolung atus karya, raja pandhita ngandika malih, timbalana maju, konên linggih jèjèr lan para dipati. Ki Agêng Matawis inggih sampun majêng, raja pandhita ngandika dhatêng para bupati, anak ingsun para dipati kabèh, wruhanamu turune Ki Agêng Matawis iku besuk bakal angrèh wong satanah Jawa kabèh, sanajan ing Giri kene besuk iya ngidhêp marang ing Mataram. Ki Agêng ing Matawis sarêng mirêng pangandikanipun sang pandhita lajêng sujud ing siti, sakalangkung nuhun dhatêng sang pandhita, nuntên angaturi dhuwung satunggil ing sang pandhita, nanging botên tinampèn. Para dipati sami rêsêp aningali dhatêng Ki Agêng Matawis. Raja pandhita lajêng parentah adamêl têlaga dhatêng para dipati, balanipun para Bupati inggih enggal tumandang dhudhuk-dhudhuk. Têlaga sampun dados, sakalangkung sae, sarta kanamanan têlaga Patut dhatêng sang pandhita.

Sultan Pajang sarta para Bupati sampun sami kalilan mantuk dhatêng nagarinipun piyambak-piyambak. Tuwin Ki Agêng Matawis inggih sampun mantuk dhatêng ing Matawis. Sultan Pajang sarawuhe nagarinipun lajêng ngandika wêwartos dhatêng putra tuwin balanipun sadaya punapa ing sawirayatipun [sawiraya...]

--- 123 ---

[...tipun] Sunan Giri, para bupati, mantri sarêng sami mirêng wirayat makatên sakalangkung kagèt. Putranipun sultan kang nama Pangeran Banawa matur, rama prabu, mênawi wirayatipun Sunan Giri sayêktos, ing Mataram punika kula upamèkakên latu sapêlik. Prayogi tumuntên kasiram ing toya, supados sampun ngantos ngômbra-ômbra, yèn panjênêngan dalêm parêng, ing Mataram badhe kula risak saking pêrang, para bupati gumarumung sami ambiyantoni ing aturipun Pangeran Banawa. Sultan Pajang alon ngandika, kulup, aturira iku iya bênêr, gôndra pira ing Mataram, sira gêcaka ya amêsthi bêdhah, nanging pêpêsthèning Allah iku ora kêna yèn dipikira ing manungsa, lan ingsun wêdi ing wêwalêre Sunan Giri, sapa kang miwiti amêsthi bakal ora salamêt. Pangeran Banawa sarta para punggawa sami mênggah manahipun.

Kacariyos Ki Agêng Matawis pinuju lênggah ingadhêp para putra tuwin kulawangsanipun sadaya, Ki Agêng Matawis ngandika, anakku lan sanak-sanakku kabèh, sarèhning aku dicêtha marang Sunan Giri, yèn turunku ing besuk bakal amêngku ing tanah Jawa, iku wêkasku, yèn ing besuk kowe anglurug marang bang wetan, anuruta ing dina kalane aku andhèrèkmarang sultan seba marang ing Giri, ing dina Jumungah Paing sasi Mukaram, poma

--- 124 ---

padha wuri-wurinên. Dene yèn dilurugi, ênggonmu mapagake pêrang aja kongsi angliwati gunung Kêndhêng, sabab bakal apês pêrangmu, lan maninge turun-turunku besuk yèn agawe bupati, aja liya turune wong Mataram iki kabèh, sabab iku padha milu lara, yèn turune besuk duwe dosa mati, laranana bae, yèn dosa lara apuranên. Akathah-kathah wêwêlingipun Ki Agêng wau dhatêng ingkang para putra tuwin santana.

Kala samantên nagari Matawis sampun gêmah raharja, mirah sandhang sarta pangan. Anuntên Ki Agêng Matawis gêrah sangêt, amêmêling dhatêng Ki Juru Martani, ki ipe, sarèhning kula bakal tinêkakake ing jangji, môngsa bodhoa ênggon dika momong marang anak-anak kula kabèh, dene kang kula lilani anggêntèni ing kula, Si Ngabèi Loring Pasar, Ki Agêng ngandika dhatêng kang para putra, anak-anakku kabèh, kowe padha mituruta marang pamanmu Ki Juru Martani, Ki Agêng tumuntên seda, layon sampun binêrsihan kasarèkakên sakilèning masjid, sinêngkalan 1535.

Ing sanèsing dintên Kyai Juru Martani mangkat dhatêng Pajang sarta putranipun Ki Agêng Matawis sadaya, sumêja ngaturi uninga ing kangjêng sultan. Lampahipun sampun dumugi ing Pajang, Sultan pinuju miyos sinewaka, Kyai [Kya...]

--- 125 ---

[...i] Juru sarta kapenakanipun lajêng sami pepe sakiduling waringin kurung, sarêng katingalan ing kangjêng sultan, enggal kapariksa sarta sami tinimbalan. Sampun sami sowan wontên ing ngarsa dalêm. Kyai Juru tumuntên matur, angaturi uninga yèn patinggi ing Mataram pêjah, sarta angaturakên têtilaranipun anak jalêr gangsal, pundi ingkang kakarsakakên anggêntosi, kangjêng sultan sarêng mirêng yèn patinggi Mataram pêjah, sakalangkung ngungun, lajêng ngandika, kakang Juru Martani, kang ingsun gêntèkake ana ing Mataram, anak ingsun Si Ngabèi Loring Pasar, sarta ingsun paringi jênêng Senapati ing Ngalaga, Sayidin Panatagama, lan maninge kakang Juru Martani, sira kang sun pasrahi momong marang putraningsun Senapati, ing dalêm sataun iki ora ingsun lilani seba marang Pajang, anataa nagarane sarta angrasakna mukti ana ing Mataram. Yèn wis sataun tumuli sebaa aja kongsi kasèp. Kyai Juru sarta Senapati aturipun sandika, sarta sami ngujung ing kangjêng sultan. Tumuntên nyuwun pamitipunpamit. dhatêng ing Mataram. Ing Mataram sangsaya wêwah-wêwah tiyangipun, sarta sakalangkung rêjanipun. Senapati Ngalaga sampun amukti, lajêng parentah anyithak banon dhatêng tiyang ing Mataram, badhe sumêja kadamêl kitha.

Kala samantên sampun kêlangkung sataun, Senapati

--- 126 ---

dèrèng sowan dhatêng Pajang, Kyai Juru inggih tansah angatag sowan. Wangsulanipun Senapati, benjing mênawi Sultan utusan nimbali kemawon kula sowan.

Kacariyos Sultan Pajang miyos sinewaka, pinarak ing dhampar mas tinatrapan ing sêsotya, sangandhaping dhampar linemekan babut, sinêbaran sêkar, para bupati, mantri, rôngga, dêmang sampun pêpak sowan sadaya, cahyanipun kajêngkangjêng. sultan kados wulan purnama, kangjêng sultan alon andangu dhatêng para abdi kang sami sowan. Bocah ingsun kabèh, apa sira padha ngrungu wartane putraningsun Senapati, dene wis kêliwat sataun ora nana sowan marang Pajang, apa awit sumurup wirayate Sunan Giri ênggone ora gêlêm seba marang ingsun. Ing samêngko wirayate Sunan Giri mèh anêtêpi, yèn upamia kêmbang misih kudhup, ing saiki mangsane mêkar, Sultan Pajang sampun kacariyos yèn ratu digdaya sêkti linuwih sugih bala, botên wangwang yèn sumêja angrisak ing Matawis, nanging kados wontên kang mambêngi ing karsanipun. Para Bupati sami matur, kawula inggih amirêng pawartos. Putra dalêm Senapati Ngalaga badhe mirong, sampun akèn nyithak banon badhe adamêl kitha. Sultan Pajang nuntên ngandika dhatêng Ngabèi Wuragil lan Ngabèi Wilamarta, [Wilamar...]

--- 127 ---

[...ta,] sira wong loro mênyanga ing Mataram, waspadakna pratingkahe Senapati. Ki Wuragil lan Wilamarta aturipun sandika, lajêng mangkat sami numpak kapal. Lampahipun sampun dumugi ing Matawis. Senapati botên pinanggih ing dalêmipun, amêng-amêng dhatêng ing Lipura sarta numpak kapal. Utusan kêkalih anjujul. Dumuginipun ing Lipura sampun aningali dhatêng Senapati pinuju têtêgar, Ki Wuragil wicantên dhatêng Ki Wilamarta, dawêk sami mudhun, lajêng sami andhawahakên timbalane kangjêng sultan. Ki Wilamarta sumaur, yèn dika mudhuna saking kapal rumiyin, dados botên angluhurakên kang angutus. Sabab utusan wau kalane andhawahakên pangandika, inggih prasasat kang angutus. Môngka kang dèn dhawahi taksih numpak kapal, dados dika angêsorakên Panjênêngane kangjêng sultan, dika kêna dèn arani utusan nistha, kalih dene pandugi kula Senapati puniku sampun sumêrêp, yèn dika lan kula diutus ing kangjêng sultan, dhasar anjarag botên purun mudhun. Ki Wuragil wicantên malih, makatên punika dèrèng kantênan, pamanah kula ing samangsane dika sanjang yèn kautus ing kangjêng sultan, amêsthi enggal mudhun. Tiyang kêkalih wau lajêng sami mudhun saking kapal, sarta amurugi dhatêng Senapati, Senapati enggal pitakèn sarta numpak [numpa...]

--- 128 ---

[...k] kapal. Ki Wuragil lan Wilamarta, pênapa dika diutus ing sultan. Ki Wilamarta wicantên dhatêng Ki Wuragil. Lah botên linyok ujar kula, Senapati dhasar anjarag botên purun mudhun, dika lan kula puniki sampun têtêp utusan nistha, Ki Wuragil enggal sumaur dhatêng Senapati, inggih tiyang kêkalih puniki sami dipun utus ing kangjêng sultan. Sampeyan kadhawahan mantuni ênggèn sampeyan asring suka-suka sarta mangan nginum, lan acukura rambut sarta nuntên sebaa dhatêng Pajang. Senapati sumaur taksih manggung wontên sanginggiling kapal. Dika matura ing kangjêng sultan. Kula andikakake marèni mangan nginum, kula taksih doyan. Kula kapurih cukur rambut, wong rambut thukul piyambak kadospundi anggèn kula ngulapi, kula kadhawahan sowan inggih purun. Yèn sultan sampun mantuni anggènipun ngalap dho garwa sarta amantuni anggènipun asring mundhut bojo tuwin anake wadon para abdinipun, amung makatên kemawon wangsulan kula. Utusan kêkalih lajêng pamit mantuk. Sampun dumugi ing Pajang, nanging sami adamêl dora sêmbada, aturipun ing kangjêng sultan. Kula kautus animbali putra dalêm Senapati, aturipun inggih sandika, nanging kula dipun kèn mantuk rumiyin, putra dalêm badhe tumuntên nusul. Kangjêng sultan inggih lajêng kèndêl, [kè...]

--- 129 ---

[...ndêl,] botên karsa andangu kathah-kathah.

Kacariyos Senapati pinuju lênggah wontên ing dalêmipun kalihan Ki Jurumartani, Kyai Juru wicantên. Thole, kapriye karêpmu, kowe tinimbalan ing ramakmu sultan têka ora gêlêm seba, kangjêng sultan amêsthi duka, ora wurung kowe bakal mêmungsuhan lan kangjêng sultan. Yèn kowe mêmungsuhana kang koandêlake apa, balamu mung sathithik. Môngsa wania kodu lan bala Pajang, sanajan waniya bakal mêsthi tumpês. Karodene Sultan Pajang iku wis misuwur yèn ratu angluwihi digdaya, kinèringan marang para ratu liya nagara, dhèk biyèn dicidra ing maling, sultan pinuju sare amujung kampuh, maling banjur anyuduki, pangrasane kangjêng sultan kaya diencoki lalêr, kêmule bae ora pasah, iku kowe sumurupa ing katêguhane kangjêng sultan. Karo dene yèn kowe mungsuha karo sultan kang koandêlake apa, yèn kowe ngêndêlna kasêktènmu, ênggonmu angambah banyu ora têlês, malêbu gêni ora kobong, utawa digdaya katêguhanamu, pintêrmu mêngkono iku kabèh ya têka pamuruke kangjêng sultan. Sabab kowe pinundhut putra pambarêp cilik mula, sarta bangêt sihe, wis kaya putrane dhewe, barêng kowe wis diwasa banjur diwuruk sakèhing ngèlmu sarta kasaktèn [kasa...]

--- 130 ---

[...ktèn] lan katêguhan, lan banjur dimuktèkake ana ing Mataram. Samono iku kang kowalêsake bae apa marang ing sihe kangjêng sultan, dadi kaluputamu iku têlung prakara, kang dhingin mungsuh gusti, ping pindho mungsuh bapa, kaping têlu mungsuh guru, iba guyune wong kang padha sêngit. Cêlathune mêngkene, Senapati iku ênggone wani prang wong mungsuh bapakne dhewe, yèn mungsuh karo wong liyane wêdi. Lan aku iki bangêt isinku andêlêng marang wong Pajang, sabab kêna diarani wong ora wêruh ing kabêcikan. Angur kowe mungsuha karo wong nagara liya, angluwihi ing Pajang gêdhene, aku ora wêdi. Akathah-kathah panêtahipun Kyai Juru wau.

Senapati Ngalaga sarêng mirêng anangis salêbêting manahipun, rumaos yèn kalêpatan, angrêrêpa sarwi alon matur, paman, kadospundi pratikêl sampeyan. Sarèhning kula sampun katrucut wicantên botên purun sowan dhatêng kangjêng sultan. Supados sampun ngantos dados dukanipun kangjêng sultan. Têtêpa anggèn kula wontên ing Matawis, sarta kula sagêda amêngku tiyang ing tanah Jawi sadaya, tumuruna ing anak putu kula. Kyai Juru angandika, yèn kang dadi kêkarêpanamu kaya mêngkono, bêcik suwunên ing Allah bae dèn mantêp. Kang supaya yèn kangjêng sultan wis seda

--- 131 ---

kowe bisaa anggêntèni karatone, lan kowe aja pisan yèn duwea cipta bakal mungsuh ing kangjêng sultan, malah ing batin mung nêja amalês ing kabêcikane kangjêng sultan marang ing kowe, ênggonmu dipundhut putra lan ênggonmu dimuktèkake, sarta ênggone mulang akèh-akèh marang kowe, ing samangsane bangêt panyuwunmu marang Allah kaya mêngkono, amêsthi kangjêng sultan ya isih bangêt sihe ing batin marang kowe, sarta ing batin ya bakal lila karatone kogêntèni. Senapati Ngalaga sakalangkung panuwunipun, sarta amiturut ing wulangipun ingkang paman. Kyai Juru Martani lajêng mantuk dhatêng griyanipun. Senapati Ngalaga wau rintên dalu inggih botên pêgat panyuwunipun ing Allah.

Kala samantên para mantri pamajêgan ing tanah Kêdhu tuwin Pagêlèn sami sumêja lumêbêt sowan dhatêng Pajang, badhe sami angaturakên bulu bêktinipun, lampahipun sami langkung ing Mataram. Wontên ing ngriku sami dipun êndhêg dhatêng Senapati, sinungga sarta binoja krami, sarta sami dipun jak kasukan mangan nginum, lan sami dipun anggêp sadulur tuwin wong atuwa dhatêng Senapati, para mantri pamajêgan wau inggih sakalangkung sami sukanipun. Para garwanipun Senapati sami dipun kèn ambadhaya, sarta sami dipun kèn angladosi, [anglado...]

--- 132 ---

[...si,] amborèhi lan anyumpingi sêkar dhatêng para mantri pamajêgan. Para mantri wau sangsaya sami rumaos kapotangan kasaenan dhatêng Senapati, lajêng sami prasêtya, ing benjing samangsanipun Senapati manggih mêngsah, para mantri wau sami purun yèn kaabêna prang, awit saking kathah kasaenanipun Senapati, botên sagêd amalês. Ingkang badhe kawalêsakên pêcahe kulitipun sarta wutahe gêtihipun. Senapati sarêng mirêng prasêtyanipun para mantri, sakalangkung suka ing galihipun. Pangandikanipun ing galih, ing saiki aku oleh rewang saka pitulunging Allah, kaya-kaya aku bakal bisa angêndhih karaton ing Pajang. Para Mantri Pamajêgan wau lajêng sami dipun ganjar busana kang adi-adi, sadaya waradin. Para Mantri sadaya sakalangkung suka manahipun, sarta sami matur gumarumung, angkat kula saking tanah Kêdhu Pagêlèn rumiyin, sumêja sami ngaturakên bulu bêkti dhatêng ing Pajang, samangke botên siyos. Sakathahe lêladosan kula bulu bêkti katura ing sampeyan sadaya, sabab botên sanes. Ing Pajang inggih ratu, ing Matawis inggih ratu, aturipun para mantri wau sarwi kêplok asênggak-sênggak. Senapati angandika, sakèhe sanakku para mantri kabèh, ya wis padha taktarima prasêtyamu, dene karêpku besuk bae padha sebaa [se...]

--- 133 ---

[...baa] marang Pajang, barêng lan aku, yèn sultan duka aku kang malangi, sabab sabarang ing karsane kangjêng sultan wis ana ing aku, dene sanak-sanakku iki kabèh, yèn ana kang arêp ajênêng dêmang, rôngga, ngabèi utawa tumênggung, aku wis dikuwasakake amaringi marangdening. kangjêng sultan. Para mantri wau sarêng mirêng, sangsaya ing sukanipun, anggêpipun sami angratu dhatêng Senapati, para mantri lajêng sami ambêksa sarta sami ngatingalakên ing kadigdayan tuwin katêguhanipun. Wontên ingkang onclang waos, tuwin angumpulakên towok, sarta angumbulakên sela kang bobot sadhacin, udhunipun sami dipun tadhahi dhadha utawi gigir, nanging sadaya botên wontên kang tumama, sabab para mantri wau sakalangkung sami digdaya sarta têguh.

Anuntên wontên mantri satunggal anama Ki Bocor, punika sangêt susahe manahipun, aningali solahe kancanipun mantri, ciptaning manahipun. Kapriye kancaku iki kabèh, têka padha kapiluyu kapirare kabèh, padha kêna ing bujuke Senapati, padha arêp anjunjung ratu marang Senapati, ora bisa amatara yèn Senapati iku wong licik, kudu amungsuh ing Pajang, yèn mungguh aku dhewe durung gêlêm kaêrèha marang Senapati, mênawa aku durung angayoni ing kadigdayane, tak kira oraa kulit têmbaga, [tê...]

--- 134 ---

[...mbaga,] lan ora otot kawat. Yèn dhasar ora pasah tak suduk kêrisku prêmati Si Kêbodhêngên iki, aku ya gêlêm angawula. Wondene Panêmbahan Senapati inggih sampun sumêrêp, yèn Ki Bocor badhe angayoni, sabab katawis ing solah, botên purun tumut kasukan. Ciptanipun Senapati, tak kira Si Bocor iku seje lan mantri akèh iki, ora bungah dening boja krama, kudu angayoni marang aku, nanging ya bênêr Si Bocor, aku iki upamane wong cebol, mêksa anggayuh langit. Amêsthi dèn ina, lan aku yèn kadigdayanku ora angungkuli ing wong akèh, môngsa bisaa dadi ratu amêngku ing tanah Jawa kabèh, Panêmbahan Senapati lajêng kondur, para mantri inggih sampun sami amakuwon. Senapati nuntên andhawahi dhatêng balanipun kang sami têngga regol. Ing samangsanipun Kyai Bocor lumêbêt dhatêng ing pura dipun kèndêlna kemawon. Sampun ngantos wontên kang amênging. Sarêng ing wanci dalu Ki Bocor sampun dandos, sumêja nyidra dhatêng Senapati, dhuwungipun cinoba, landhêpipun tinumpangan kapuk dinamonan bablas. Ki Bocor lajêng lumêbêt ing kadhaton ijèn. Sakathahipun tiyang ingkang sami têngga kori apiapi-api. botên uninga, Senapati Ngalaga pinuju dhahar lênggah angungkurakên korining [kori...]

--- 135 ---

[...ning] dalêm. Ki Bocor enggal narajang anyuduki, Senapati botên pasah sarta botên nolèh, eca dhahar kemawon. Pucuking dhuwungipun Ki Bocor ngantos pêpêr, Ki Bocor sayah lajêng dhawah ing siti sadhêku, dhuwungipun tumancêp ing siti, sangêt luma sariranipun. Ki Bocor nuntên ngujung sarta atur tobat. Senapati nolèh sarta ngandika, kakang Bocor, kula êmpun ngapura, sarta pracaya marang dika, Ki Bocor nuntên mantuk.

Senapati ing wanci têngah dalu lajêng kesah, ingiring tiyang gangsal, anjujug ing Lipura, ing ngriku wontên sela kumlasa sae warninipun. Senapati lajêng sare wontên ing sela wau. kacariyos Ki Juru Martani ing wanci lingsir dalu wontên dalêmipun, dèrèng karsa sare, enggal kesah dhatêng ing kadhaton. Sumêja kêpanggih kalihan Senapati, sarêng dumugi ing regol pitakèn dhatêng tiyang ingkang têngga, wong tunggu lawang, putraningsun apa isih wungu, tiyang têngga kori amangsuli, Kyai Juru, sabibaring kasukan wau, suruping baskara ginanti padhanging côndra, putra dika lajêng kesah wikana purugipun. Kyai Juru sarêng mirêng ing aturipun tiyang têngga kori, lajêng sumêrêp ing purugipun Senapati, enggal dipun susul dhatêng ing Lipura, dumuginipun ing ngriku Senapati kêpanggih sare ing sela [se...]

--- 136 ---

[...la] gêgilang, Kyai Juru enggal anggugah, wicantênipun. Thole tangia, jarene arêp dadi ratu, têka enak-enak turu bae. Anuntên wontên lintang dhawah saking langit. Mêncorong sakalapa dalasan tabonipun sumèlèh ing ulon-ulonipun cakêt Senapati. Kyai Juru sakalangkung kagèt. Sarta anggugah dhatêng ingkang putra, thole, kêbat tangia, kang mancorong kaya rêmbulan ana ing ulon-ulonmu iku apa. Senapati kagèt nuntên wungu, aningali sarta pitakèn. Sira iku apa, dene mêncorong ana ing dhuwurku turu, sajêgku durung tau wêruh. Lintang enggal sumaur kados manungsa, wruhanira ingsun iki lintang, ênggonira manêngkungmanêkung. ngêningakên paningal, anêgês karsaning Hyang, ing saiki wis tinarima ing Allah, kang sira suwun kêlilan. Sira bakal jumênêng nata amêngku ing rat Jawa, tumurun marang anak putunira, padha jumênêng ratu ana ing Mataram tanpa timbang, kineringan ing mungsuh, sugih êmas lan sêsotya, buyutira besuk kang mêkasi dadi ratu ing Mataram. Nagarane nuli rêngka, kêrêp grahana sasi lan surya, lintang kumukus sabên bêngi katon, gunung padha guntur, udan awu utawa ladhu, iku cirining nagara bakal rusak. Lintang wau sasampuning wicantên makatên lajêng musna. Senapati ngandika salêbêting galih, ing saiki panyuwunku marang

--- 137 ---

Allah wis kêlilan. Ênggonku sumêja dadi ratu anggêntèni ing rama sultan, tumurun marang anak putuku, minôngka damare ing tanah Jawa, wong tanah Jawa padha têluk kabèh. Kyai Juru sumêrêp ing batose kang putra, lajêng wicantên. Senapati, kowe aja ujub riya, amêsthèkake kang durung kêlakon, iku ora bênêr, yèn kowe ngandêl calathuning lintang, iku kowe luput. Sabab iku jênênge swara jais. Wênang goroh lan têmên, ora kêna dicêkêl ilate kaya manungsa, lan ing besuk mênawa kowe kêlakon pêrang karo wong Pajang, amêsthi lintang mau ora kêna kotagih utawa kojaluki tulung, ora wurung aku lan kowe padha angawaki pêrang dhewe, yèn mênang kowe mêsthi jumênêng ratu ana ing Mataram. Mênawa kalah ora wurung padha dadi boyongan. Senapati Ngalaga sarêng mirêng wicantêne kang paman, sakalangkung ênggènipun ngrêrêpa, sarta alon matur, paman, kadospundi kang dados pratikêl sampeyan. Kula inggih badhe amiturut. Kula upaminipun baita, sampeyan kêmudhinipun. Kyai Juru angandika, thole, yèn kowe wis miturut, ayo padha nyênyuwun ing Gusti Allah, sakèhe kang angèl muga ginampangna, ayo padha andum gawe, kowe mênyanga ing sagara kidul. Aku tak munggah [mung...]

--- 138 ---

[...gah] marang ing gunung Marapi, padha anyatakake karsaning Allah, ayo barêng mangkat. Kyai Juru lajêng mangkat dhatêng ing rêdi Marapi, Senapati Ngalaga mangkat ngetan lêrês. Anjog ing lèpèn Umpak, ambyur ing toya, nglangi ambathang anut ilining toya.

Kacariyos wontên ulam laut, anama olor, punika kala rumiyin Senapati kalangênan dhatêng ing lèpèn Samas, anjala, ngrakat, tuwin ancolan susug. Kathah pirantosipun tiyang amêndhêt ulam. Utawi angsalipun ulam inggih kathah, anuntên ulam olor wau kacêpêng ing tiyang kathah, agêngipun anglangkungi, lajêng kabêkta mêntas kaaturakên Panêmbahan Senapati, Senapati sakalangkung suka aningali, ulam olor lajêng binusanan sarwa mas, pinaringan nama pun Tunggul Wulung, nuntên inguculakên dhatêng ing toya malih, ulam olor wau rumaos kapotangan gêsang dhatêng Senapati. Ing nalika punika ulam olor wau sumêrêp yèn Senapati angèli ing lèpèn anjog ing sawangan sagantên. Ulam olor lajêng angambang amêthukakên dhatêng Senapati, supados Senapati anitiha ing gigiripun, nanging Senapati botên karsa anitih, lajêng mêntas, jumênêng sapinggiring sagantên, sarta andêdonga ing Allah, anuntên prahara dhatêng, barat

--- 139 ---

awor jawah, kêkajêngan kathah sêmpal tuwin sol. Alun sagantên agêngipun sarêdi-rêdi, swaranipun anggêgirisi, sarta toyanipun panas kados wedang, ulam kathah ingkang kaplêsat kabêntus ing karang têmahan sami pêjah wontên ing dharatan. Punika saking prabawanipun Panêmbahan Senapati ênggènipun andêdonga ing Allah.

Kacariyos ing sagantên kidul ngriku wontên ingkang jumênêng ratu, wanodya anglangkungi ayunipun. Ing sajagad botên wontên ingkang nyamèni, anama Rara Kidul, angrèh sawarnine lêlêmbut ing tanah Jawi sadaya, kala samantên Rara Kidul pinuju wontên ing dalêm, pinarak ing kathil mas, tinarètès ing sêsotya, ingadhêp para jim pêri prayangan. Rara Kidul kagèt aningali gègèripun ulam ing sagantên. Sarta toyanipun panas kados ginodhog. Swaraning sagantên anggêgirisi. Rara Kidul wicantên salêbêting galih, salawasku urip aku durung andêlêng sagara kaya iki, kiye ya genea, apa kêna ing gara-gara, apa srêngenge runtuh bakal dina kiyamat. Nyai Kidul lajêng mêdal ing jawi, jumênêng wontên sanginggiling toya, aningali jagad padhang, botên wontên punapa-punapa, amung tiyang linuwih satunggil jumênêng wontên sapinggiring sagantên, angêningakên paningal nênêdha ing

--- 140 ---

Allah, Nyai Kidul wicantên piyambak. Iku layake kang agawe gara-gara ing sagara, sarta lajêng sumêrêp ing saciptanipun Senapati, Rara Kidul enggal amurugi, lajêng nyêmbah anyungkêmi sukunipun Senapati sarta matur angrêrêpa, mugi sampeyan icalakên susahing galih sampeyan, supados sirnaa gara-gara punika, tumuntên mulyaa saisining sagantên kang sami risak kenging ing gara-gara, sampeyan mugi wêlasa dhatêng ing kula, sabab sagantên punika kula kang angrêksa, dene anggèn sampeyan anyênyuwun ing Gusti Allah samangke sampun angsal. Sampeyan lan satêdhak-têdhak sampeyan sadaya amêsthi jumênêng ratu, angrèh ing tanah Jawi tanpa timbang, utawi jim pêri prayangan ing tanah Jawi sadaya inggih karèh ing sampeyan. Upami ing benjing sampeyan amanggih mêngsah, sadaya inggih sami amitulungi, ing sakarsa sampeyan sadaya anut. Sabab sampeyan kang minôngka bapa babuning para ratu ing tanah Jawi. Senapati Ngalaga sarêng mirêng ature Nyai Kidul, sakalangkung suka ing galihipun. Sarta gara-gara wau inggih sampun sirna, utawi ulam ingkang sami pêjah inggih sampun gêsang malih. Nyai Kidul nyêmbah sarwi angujiwati, lumampah kondur dhatêng satêngahing sagantên. Senapati Ngalaga sangêt kasmaranipun, lajêng anut wingking [wing...]

--- 141 ---

[...king] dhatêng Rara Kidul. Senapati lumampah sanginggiling toya kados angambah dharatan. Sadhatêngipun ing kadhaton sagantên lajêng sami pinarak ing kathil mas sakalihan, ingadhêp para pêri prayangan. Senapati Ngalaga eram aningali kadhatonipun Nyai Kidul, anglangkungi sae, ingkang kadamêl griya utawi pagêr banonipun sadaya mas sarta salaka, karikilipun ing palataran mirah, intên utawi sawarnine pêpêthetan ing pataman inggih sakalangkung sae, wowohan sarta sêsêkaranipun adi-adi sadaya, ing dharatan botên wontên sêsaminipun.

Senapati wau ênggènipun pinarak adhêdhepelan kemawon lan Nyai Kidul. Sarta tansah anyantosakakên ing galih, emut yèn dede jinis. Wondene Nyai Kidul inggih anampèni ing sêmunipun Senapati, sarta tansah angujiwati Senapati Ngalaga mèsêm sarwi ngandika dhatêng Rara Kidul. Nimas ingsun arêp wêruh ing pasareanira, kaya apa rakite. Nyai Kidul matur, sumôngga botên wontên pakèwêdipun. Kula darmi têngga, sampeyan ingkang kagungan. Senapati astane lajêng dipun kanthi, kabêkta lumêbêt dhatêng ing pasarean, sami pinarak. Senapati alon ngandika, nimas, ingsun bangêt eram andêlêng paturonira, layake caritaning [cari...]

--- 142 ---

[...taning] suwargan iya kaya iki, sajêg aku durung wêruh pêpajangan kaya iki, sêmbada lan kang duwe, dhasar ayu bisa angrêrakit. Ingsun aras-arasên mulih marang Mataram. Bakal katrêm ana ing kene, nanging cacade mung siji, dene ora nana wonge lanang, yèn ana wonge lanang kang bagus iba bêcike. Aturipun Nyai Rara Kidul. Sae lamban, jumênêng ratu èstri kemawon. Ing sakajêng-kajêng botên wontên kang amarentah. Senapati mèsêm sarwi ngandika, nimas, ingsun muga paringana tômba, ênggon ingsun kaedanan marang sira. Rara Kidul matur sarwi malerok. Kula botên sagêd ngaturi jêjampi, sabab kula dede dhukun, sampeyan ratu agêng, môngsa kiranga wanodya kang ngungkuli ing kula. Senapati manahipun kados dèn unggar, Rara Kidul lajêng pinondhong andumugèkakên karsanipun. Kacariyos Senapati anggènipun wontên sagantên kidul tigang dintên tigang dalu, tansah sih-sinisihan kalihan Rara Kidul. Senapati wau ing sabên dintên dipun wêjang ing ngèlmunipun tiyang umadêg ratu, ingkang ngèdhêpakên sakathahe manungsa lan jim pêri. Senapati angandika, bangêt panarimaningsun, ing sakèhe wurukira, lan ingsun ya pracaya, balikaning besuk. Yèn ingsun anêmu mungsuh, kang sun kongkon ngaturi ing sira sapa,

--- 143 ---

wong ing Mataram amêsthi ora ana kang wêruh marang ing sira. Rara Kidul matur, makatên punika gampil kemawon. Bilih sampeyan karsa animbali dhatêng kula, sêdhakêp suku tunggal, nuntên tumêngaa ing awang-awang, amêsthi kula enggal dhatêng, sarta kula ambêkta bala jim pêri prayangan lan sadêdamêling prang. Senapati ngandika malih, nimas, ingsun pamit mulih marang ing Mataram. Wêwêkasira kabèh ya bakal ingsun èstokakên.

Senapati sampun mangkat, angambah toya sagantên kados angambah dharatan. Sarêng dumugi ing Parangtritis kagèt aningali dhatêng sang pandhita Sunan Kalijaga lênggah pitêkur wontên sangandhaping Parangtritis. Senapati enggal angujungi, sarta angrêrêpa nyuwun pangapuntên, amargi ênggèning ngatingalakên kasaktènipun angambah sagantên botên têlês. Susunan Kalijaga ngandika, Senapati, marenana ênggonira angêndêlake sakti digdayanira iku, dadi iku jênênge wong kibir, para wali ora gêlêm anganggo kaya mêngkono, amêsthi bakal kasiku ing Allah, yèn sira bakal sumêja tulus jumênêng ratu, anganggoa sokur ing satitahe bae, ayo marang Mataram. Ingsun arsa wêruh ing omahira. Lajêng sami mangkat, sampun dumugi ing Mataram. Sang Pandhita aningali [aninga...]

--- 144 ---

[...li] padalêmanipun Senapati dèrèng mawi pagêr lajêng ngandika, omahira ora nganggo pagêr bata, iku ora bêcik, dadi sira jênêng wong ujub riya kibir, angêndêlake kasêktèn sarta têguh digdayanira, upamane kêbo sapi tanpa kandhang mêsthi bakal ucul ing saparan-paran. Kêbo sapi mau bêcik cancangên. Yèn bêngi kandhangna, ing jaba jaganana uwong, sarta pasrahna ing Allah, mêngkono manèh ênggonira omah-omah bêcik nganggoa pagêr jaba, jênênge pagêr bumi, wong Mataram sabên katiga konên nyithak bata, yèn wis akèh gawea kutha bacingah. Sang pandhita lajêng nyandhak bêruk isi toya, dipun curakên mubêng sarwi dhikir, sang pandhita ngandika, yèn sira besuk gawe kutha iki turutên. Senapati matur sandika, sang pandhita lajêng pamit kondur.

Kacariyos Kangjêng Sultan Pajang miyos sinewaka wontên ing pagêlaran. Para putra, santana, mantri bupati pêpak sadaya, para bupati sami matur, putra dalêm Senapati Ngalaga saèstu mirong badhe mêngsah ing panjênêngan dalêm. Pratandhanipun samangke sampun adamêl bètèng sarta lêlarèn wiyar. Sultan Pajang ngandika dhatêng Pangeran Banawa, putraningsun Ki Banawa sira mênyanga ing Mataram karo ipenira Adipati Tuban, lan Si Tumênggung Môncanagara gawanên. Kakangira Senapati [Sena...]

--- 145 ---

[...pati] takonana, apa nyata dheweke sumêja amungsuh marang ingsun. Pangeran Banawa sarta Dipati Tuban, Tumênggung Môncanagara aturipun sandika, lajêng budhalan sabalanipun. Ing Pajang wontên mantri satunggil, anama Pangalasan. Sampun atêpang sae kalihan Senapati Ngalaga, Pangalasan wau enggal anglampahakên utusan dhatêng ing Mataram. Asuka pariksa Senapati, yèn Sultan Pajang anglampahakên utusan putranipun dhatêng Mataram, sarta ambêkta sadêdamêling pêrang. Senapati Ngalaga sarêng sampun tampi pawartos wau enggal amêthuk dhatêng ing Randhulawang, tiyang Mataram kêrig lampit, sarta sami ambêkta sêsêgah.

Lampahipun Pangeran Banawa inggih sampun dumugi ing Randhulawang, sarêng aningali ingkang raka mêthuk, Pangeran Banawa enggal tumurun saking titihan, paran-pinaranan kalihan Senapati, lajêng sami rêrangkulan, kalih-kalihipun sami muwun. Sabab lami botên kêpanggih, sangêt ing kangênipun. Pangeran Banawa alon matur, kakang, sangêt kangên kula dhatêng sampeyan. Sabab sampun lami ênggèn kula botên kêpanggih, kaping kalihe kula dipun utus. Sarèhning rama jêngandika amirêng yèn sampeyan badhe amêngsah ing rama jêngandika, punika punapa yêktos punapa botên.

--- 146 ---

Kula mugi sampeyan bêlakani. Senapati amangsuli, adhi mas, môngsa boronga rama jêngandika kangjêng sultan, ratu sidik ing paningal. Punapa saosiking manah kula mêsthi sampun sumêrêp. sagêd kula samantên punika inggih saking pêparingipun rama jêngandika, ing Matawis kula botên rumaos gadhah, atas kagunganipun rama jêngandika, punika kula angaturakên sêsêgahipun abdi sampeyan ing Matawis, mugi kadhahara. Pangeran Banawa lawan sabalanipun lajêng sami anêdha waradin. Senapati Ngalaga ngandika malih, adhi mas, sampeyan kula aturi lajêng dhatêng Matawis. Sampun kula cawisi kalangênan tuwin arak waragang, sampeyan kasukana wontên ing Matawis. Sabab sampeyan gustine tiyang ing ngriki sadaya, sumôngga sampeyan kula aturi nitih gajah kalihan kula. Pangeran Banawa ngandika dhatêng Tumênggung Môncanagara, Tumênggung Môncanagara, pawarta kang katur ing kangjêng rama sultan iku goroh kabèh, dene iki Si kakang Senapati ora sumêja amungsuh marang kangjêng rama, aku ya angandêl marang kakang Senapati, pratandhane yèn ora sumêja amungsuh, sabab suguh sarta angajèni marang wong ing Pajang.

Pangeran Banawa wau lajêng nitih gajah kalihan ingkang raka, bidhal saking ing ngriku lan sabalanipun. Sarawuhipun [Sa...]

--- 147 ---

[...rawuhipun] ing Matawis lajêng lumêbêt ing kadhaton. Sampun sami tata lênggah, nuntên sami kasukan dhêdhaharan inum-inuman. Sarta anabuh gamêlan Gala Ganjur, arame ênggènipun sami kasukan. Utawi balanipun Pangeran Banawa sarta balanipun adipati ing Tuban inggih sinêgahan piyambak wontên ing jawi. Adipati Tuban pitaken dhatêng Senapati, kakang Senapati Ngalaga, kula mirêng pawartos, yèn sampeyan rêmên ambêksa rangin. Senapati amangsuli, adhi, inggih rêmên, nanging tiyang Matawis botên wontên kang sagêd. Adipati Tuban lancang ing pangucap. Kêdah angatingalakên ing kasagêdan tuwin kadigdayane rencangipun. Lajêng parentah dhatêng rencangipun kinèn sami ambêksa rangin. Tiyang Tuban inggih sampun sami wiwit ambêksa, anêlasakên ing tênaganipun. Angungasakên ing kakêndêlan sarta katêguhanipun. Anuntên wontên putranipun Panêmbahan Senapati ingkang pambajêng, anama Radèn Rôngga, patutanipun kalihan èstri saking Kalinyamat rumiyin. Radèn Rôngga wau sakalangkung digdaya, rosa, têguh, panasbaran. Lajêng anjawil dhatêng ingkang rama, sumêja tumut ambêksa. Senapati Ngalaga sarèhning rêmên angêsorakên pambêkanipun, ingkang putra dipun sêntak. Adipati Tuban sumêrêp, yèn Radèn [Radè...]

--- 148 ---

[...n] Rôngga badhe sumêja tumut bêksa, nanging dipun pênging dhatêng ingkang rama, Adipati Tuban lajêng angatag dhatêng Radèn Rôngga, nanging botên purun. Senapati nuntên angatag bêksa dhatêng ingkang putra, sabab sampun dipun kèn kalihan Dipati Tuban. Radèn Rôngga enggal amundhut tamèng sarta towok. Tamèngipun wau kabêkta tiyang sakawan, towokipun inggih kabêkta tiyang sakawan. Sabab ngalangkungi agêngipun. Lajêng cinandhak kadamêl onclang. Adipati Tuban eram aningali malongok. Adipati Tuban lajêng parentah dhatêng rencangipun kang sami bêksa, dikakakên anêmêni dhatêng Radèn Rôngga, awit sampun pitados ing kadigdayanipun Radèn Rôngga, tiyang Tuban lajêng sami anyuduki sarta anumbaki sayêktos. Radèn Rôngga botên pasah, eca ambêksa kemawon. Sarta botên purun malês. Nuntên dipun dhawahi dhatêng Adipati Tuban sarta ingkang rama, dikakakên malês. Radèn Rôngga enggal malês kalih tangan. Tiyang Tuban dipun tabok satunggil, sirahipun pêcah sampun pêjah, lajêng gègèr, Pangeran Banawa lan Dipati Tuban sabalanipun bidhal tanpa pamit, sumêja mantuk dhatêng Pajang.

Sadhatêngipun nagari Pajang lajêng sami sowan ing kangjêng sultan. Nanging Pangeran Banawa lan Dipati Tuban aturipun [aturipu...]

--- 149 ---

[...n] pradongdi, aturipun Pangeran Banawa, Senapati sakalangkung sae, sarta urmat sangêt dhatêng tiyang Pajang, botên wontên watawisipun, yèn sumêja amêngsah ing Pajang. Wondene aturipun Dipati Tuban lan Tumênggung Môncanagari, Senapati sayêktos yèn mirong, sumêja mungsuh ing Pajang, pratandhanipun sampun adamêl bètèng sarta ajêjagang, lan angungasakên kadigdayane putranipun kang anama Radèn Rôngga, anabok tiyang Tuban satunggil pêcah sirahipun pêjah. Kangjêng sultan sarêng mirêng atur makatên wau lajêng lêgêg. Adangu ênggènipun kèndêl. Dene ature putra lan ature nayaka sulaya, kangjêng sultan angandika, atur kabèh iku ora nana kang sun gugu, Ki Banawa iku ature ya bênêr, Senapati Ngalaga mokal yèn wani marang ingsun. Krana ingsun mundhut putra cilik mula, wus kaya putraningsun pambarêp, sarta akèh pawulang ingsun. Barêng wus diwasa ingsun muktèkake ana ing Mataram. Amêsthi Senapati mau sumêja malês kabêcikan marang ingsun. Dene Si Dipati Tuban lan Si Tumênggung Môncanagara ature ya bênêr, Senapati anggone sumêja angêndhih karaton ing Pajang awit sumurup wirayate Sunan Giri, môngka wirayate Sunan Giri mau upamane kêmbang, ing saiki wis mangsane mêkar. Tumênggung Môncanagara lan Dipati Tuban [Tuba...]

--- 150 ---

[...n] matur, kangjêng sultan. Ing Matawis punika kula upamèkakên latu sapêlik. Mupung dèrèng mraman, prayogi kasirama tumuntên. Kula ingkang anggêbag ing Matawis. Kangjêng sultan alon ngandika, ingsun wêdi ing Allah, lan wis pinêsthi karsa Allah, yèn ing Mataram bakal ana kang jumênêng ratu gêdhe, angrèh wong sa tanah Jawa kabèh, kapriye ênggonira anêkerah. Dipati Tuban lan Tumênggung Môncanagara sami tumungkul botên sagêd amangsuli, kangjêng sultan lajêng kondur angadhaton.

Botên antawis lami ing nagari Pajang wontên bupati satunggil, ipenipun Senapati Ngalaga anama Tumênggung Mayang, Tumênggung Mayang wau gadhah putra jalêr satunggil, taksih anèm, sakalangkung bagus warninipun. Sanagari Pajang botên wontên kang mirib, sampun kalok sanagari Pajang bagusipun Radèn Pabelan wau, inggih punika putranipun Tumênggung Mayang, nanging Radèn Pabelan wau asring lampah awon. Angrong pasanakan, anyumur gumuling, sangêt ênggènipun brancah, dipun tantun krama dhatêng ingkang rama botên purun. Ki Tumênggung Mayang sampun kakên galihipun, awit pawulangipun botên dipun gêga, ingkang putra wau lajêng sumêja dipun krenah, supados pêjaha. Kala samantên Radèn Pabelan dipun timbali dhatêng ingkang rama, sadhatênge ing ngarsanipun ingkang rama [ra...]

--- 151 ---

[...ma] angandika, kulup, yèn kowe dhasar ora gêlêm rabi isih gêlêm laku ngiwa, karêpku aja katanggungan. Putrane wadon kangjêng sultan kang jênêng ratu sêkar kadhaton iku rahên, bedhangên. Sanajan kowe matia ucape bêcik. Yèn kabênêran kowe oleh pitulunging Allah bisa dadi bojomu, ora kaya solahmu kang wis kêlakon, ênggonmu sok ambedhang anake bojoning wong, iku ora bêcik. Yèn kongsia bilahi ucape bangêt ênggone nistha. Ingkang putra matur alon. Rama, kula botên sagêd yèn angangkah ambedhang ratu sêkar kadhaton. Sabab panggenanipun salêbêting kadhaton. Ki Tumênggung ngandika, iku gampang bae, sarèhning kalumrahane wong wadon iku amêsthi padha dhêmên kêmbang wangi-wangi, aku ya wis duwe isarat arupa kêmbang capaka, iki aturna marang kangjêng ratu, luwange isaratku iki, samangsane wong wadon wis anampani sarta andêlêng, amêsthi banjur bingung ora enak ênggone mangan sarta turu, lan amêsthi banjur kongkonan. Kowe angadhanga wong kaputrèn. Abdine kangjêng ratu kang sok diutus tuku kêmbang mênyang pasar, iku konên ngaturake marang ing gustine.

Radèn Pabelan sampun anampèni sêkar capaka, kawadhahan ing conthong, salêbêting sêkar kadèkèkakên [ka...]

--- 152 ---

[...dèkèkakên] sêrat alit. Sakalangkung rêmit anggènipun andèkèkakên. Radèn Pabelan lajêng kesah dhatêng ing margi cêlak korining alun-alun. Anuntên wontên tiyang èstri satunggil. Abdinipun ratu sêkar kadhaton. Sumêja tumbas sêkar dhatêng ing pêkên. Lajêng dipun andhêg dhatêng Radèn Pabelan sarta dipun sukani sêkar ing conthong, kapurih angaturna ing gustinipun. Èstri wau sampun anampèni sêkar sarta sangêt bingahe manahipun. Sabab botên kangelan dhatêng pêkên lan botên mawi tumbas, lajêng pitakèn. Bilih gusti kula mangke andangu, nama sampeyan sintên. Radèn Pabelan sumaur ambêlakakakên namanipun. Tiyang èstri wau inggih lajêng mantuk dhatêng ing kadhaton, sarta sangêt kasmaraning manahipun, aningali bagusipun Radèn Pabelan. Sadhatêngipun ing kaputrèn sêkar lajêng kaaturakên ing kangjêng ratu, ratu sêkar kadhaton sarêng sampun nampèni sêkar ing conthong lajêng dipun bikak, sarta pinilihan. Anuntên ningali sêkar capaka satunggil wontên sêratipun. Enggal winaos. Ungêlipun. Saking Radèn Pabelan, sumêja ngabdi dhatêng kangjêng ratu, ing donya dumugi dêlahan. Ratu sêkar kadhaton sampuning maos sêrat, sangêt tarataban ing galihipun. Bawanipun èstri sampun [sa...]

--- 153 ---

[...mpun] diwasa, dados sangêt kasmaranipun dhatêng ingkang ngaturi sêrat, kalih dene sampun asring mirêng para tiyang èstri kang sami micantên ing bagusipun Radèn Pabelan. Tiyang èstri kang sampun sami ningali angalêm sadaya, ratu sêkar kadhaton ngandika dhatêng abdinipun anama êmban Soka, biyung, kowe mêtua, anêmanana marang kang awèh kêmbang iki, yèn dhèwèke têmên anggone bakal angèngèr marang aku, mêngko bêngi konên malêbu marang kaputrèn. Êmban Soka aturipun sandika lajêng mêdal. Sampun kêpanggih kalihan Radèn Pabelan. Êmban soka wicantên, radèn dika mangke dalu dipun ajêng-ajêng dhatêng kangjêng ratu, sarta dipun cêcadhang dhêdhaharan tuwin agêm-agêman. Sampun tan botên mangke dalu sampeyan lumêbêta dhatêng kaputrèn. Radèn Pabelan wicantên. Ya bibi, matura ing kangjêng ratu, aja sumêlang galihe, mêngko bêngi aku mêsthi malêbu. Êmban Soka lajêng mantuk dhatêng kaputrèn. Radèn Pabelan nuntên sowan dhatêng ingkang rama Ki Tumênggung Mayang, Radèn Pabelan matur, rama, sêkar pêparing sampeyan sampun kêtampèn dhatêng kangjêng ratu, sarta lajêng utusan. Ing mangke dalu kula dipun timbali dhatêng kaputrèn. Kula inggih sampun sagah, nanging sangêt pakèwêding manah kula, anggèn kula badhe lumêbêt marginipun mêdal ing pundi. [pu...]

--- 154 ---

[...ndi.] Ingkang rama angandika, yèn kowe malêbu ing kaputrèn, aja mêtu ing lawang, manawa konangan wong nganglang, bêcik malumpata ing pagêr bata bae, ayo taktêrake, iki wis wayah sirêp wong.

Ki tumênggung sarta ingkang putra lajêng sami mangkat. Sampun dumugi pagêr banon kaputrèn. Radèn Pabelan lajêng kawulang ngèlmu angandhapakên pagêr banon. Pangandikanipun ki tumênggung, yèn kowe bakal mêtu saka kaputrèn, ênggonku amuruk mau apalna, sarta angusap pagêr bata, amêsthi pagêr bata banjur mêndhak dhewe, Radèn Pabelan aturipun nuwun, nanging Radèn Pabelan wau kawulang sisip dhatêng ingkang rama, pamrihipun supados sampun sagêd mêdal. Ki Tumênggung Mayang lajêng andonga sarta angusap pagêr banon. Pagêr banon inggih sampun mêndhak. Radèn Pabelan enggal jumangkah malêbêt. Sarêng Radèn Pabelan sampun lumêbêt. Pagêr banon nuntên kausap malih dhatêng ki tumênggung, sampun inggil kados ingkang wau-wau, ki tumênggung lajêng mantuk. Radèn Pabelan lajêng andhodhot wontên ing kêbon wingkinge dalêmipun kangjêng ratu. Wondene ratu sêkar kadhaton inggih sampun dangu anggènipun angajêng-ajêng, sarêng ing wanci sirêp tiyang lajêng mêdal saking dalêm dhatêng ing kêbon pêpungkuran. Abdinipun èstri botên wontên kang uninga,

--- 155 ---

amung êmban Soka kang andhèrèk. Anuntên kêpanggih kalihan Radèn Pabelan, kalih-kalihipun sangêt anggènipun bingah, kados tiyang amanggih êmas sakranjang, sarta lajêng sami sasêtyan. Sampun tinakdir yèn Radèn Pabelan badhe dados bêbantêning nagari. Kathah tiyang èstri salêbêting kaputrèn. Abdinipun sang putri piyambak kawan dasa, utawi tiyang jalêr nganglang inggih kathah, nanging botên wontên kang uninga dhatêng Radèn Pabelan ing sadalu punika. Ratu sêkar kadhaton lajêng anganthi astanipun Radèn Pabelan. Kabêkta dhatêng pasarean. Andumugekakên ing karsanipun. Sarêng ing dalunipun malih Radèn Pabelan sumêja mantuk, nanging botên sagêd sabab pagêr banon kaputrèn dipun usap wali-wali botên sagêd mêndhak. Radèn Pabelan sampun anyipta yèn badhe pêjah, anuntên wangsul dhatêng ing dalêmipun sang putri malih, sanajan pêjah asarênga kalihan sang putri.

Kacariyos Radèn Pabelan wau ênggènipun wontên salêbêting kaputrèn pitung dintên pitung dalu, botên wontên tiyang kang sumêrêp. Sarêng ing wolung dintên, inya tuwin êmbanipun sang putri sami anggraita, sabab sang putri awis-awis mêdal. Tansah wontên salêbêting pasarean. Inya tuwin êmban wau lajêng sami anginjên, sarta anilingakên pamirêng, lajêng sami [sa...]

--- 156 ---

[...mi] sumêrêp yèn gustinipun ulah lambang sari kalihan Radèn Pabelan. Inya tuwin êmban wau enggal angaturi uninga ing kangjêng sultan. Yèn ing kaputrèn kalêbêtan pandung aguna, anyidra ing rêsmi. Kangjêng sultan sarêng mirêng sakalangkung duka, enggal animbali lurah prajurit tamtama kêkalih, anama Wirakêrti kalih Suratanu, lanjaripun kalihdasa, sadhatêngipun ing ngarsane kangjêng sultan lajêng andikakakên mêjahi pandung kang wontên ing kaputrèn. Tiyang tamtama kalih likur enggal sami lumêbêt dhatêng kaputrèn. Nanging sadaya sami kèndêl wontên palataraning kaputrèn. Amung Ngabèi Wirakêrti piyambak kang lumêbêt dhatêng ing dalêmipun sang putri, Radèn Pabelan kêpanggih gêgulêtan kalihan sang putri, anyipta sarênga pêjah, Ngabèi Wirakarti wicantên saking katêbihan. Sabab ajrih cêlak kalihan sang rêtna, thole Radèn Pabelan, mrenea, kowe ngandêla ing calathuku, bapakmu Si kakang Tumênggung Mayang wis bêlaka marang aku bab solahmu iku, aku dikon amurih salamête awakmu, kang iku samêngko aku kang nanggung ing patimu, krana kangjêng sultan wis bangêt pangandêle marang aku, yèn prakara sajroning kadhaton, kowe ya sumurup dhewe, kowe bakal daksuwun ditêmokna bae karo kangjêng ratu, ayo tak jak seba marang kangjêng sultan.

--- 157 ---

Sampun dilalah Radèn Pabelan manahipun gampil, angandêl dhatêng wicantênipun Ki Wirakêrti, uwal ênggènipun gêgulêtan, lajêng tut wingking dhatêng Ki Wirakêrti, sarêng dumugi ing palataran tiyang tamtama enggal anyuduki, Radèn Pabelan sampun pêjah tatunipun arang kranjang, jisimipun kabucal ing lèpèn Ngêlawiyan.

Anuntên Ki Tumênggung Mayang kadukan ing kangjêng sultan. Kakesahakên dhatêng ing Samawis, dipun iringakên gêgaman sewu, têtindhihipun mantri ing Pajang wolung dasa. Garwanipun Ki Tumênggung Mayang taksih kantun wontên ing Pajang, enggal utusan asuka pariksa dhatêng Senapati ing Matawis. Senapati Ngalaga sarêng mirêng aturing utusan sakalangkung duka, lajêng ngandika dhatêng para mantri pamajêgan. Sanak-sanak kula pamajêgan kabèh, aku anjaluk gawemu, ipèkku kang jênêng Tumênggung Mayang iku ing saiki dibuwang marang ing Samarang, iku padha rêbutên ing saênggone kacandhak. Padha mêtua ing Kêdhu bae. Para mantri pamajêgan sadaya matur sandika, lajêng sami mangkat anumpak kapal. Lampahipun anjog nyongklang, lampahe gêgaman Pajang katututan wontên ing Jatijajar, para mantri pamajêgan lajêng sami nêrajang angamuk sarta waos, anumpak kapal. Bala ing Pajang kathah kang tatu tuwin pêjah, nuntên sami lumajêng sumêja [su...]

--- 158 ---

[...mêja] mantuk dhatêng Pajang, Ki Tumênggung Mayang sampun karêbat dhatêng para mantri pamajêgan. Kabêkta dhatêng ing Mataram, para mantri pamajêgan wau sami ambêkta sirahipun mantri Pajang kang sami pêjah, ingaturakên dhatêng Senapati.

Palajêngipun bala ing Pajang sampun dumugi ing Pajang, sarta sampun katur ing kangjêng sultan. Kangjêng sultan sarêng mirêng atur makatên, lajêng anggraita yèn Senapati Ngalaga sayêktos balela, sabab adamêl wiwitan pêrang, nuntên parentah angrakit gêgamaning prang, sumêja ambêdhah ing Mataram. Para bupati môncanagara kang karèh ing Pajang inggih sampun ngalêmpak, tuwin putranipun mantu kangjêng sultan, Adipati Dêmak kalih Dipati Tuban, tiga dipati ing Bantên, inggih sampun sami wontên ing Pajang lan sabalanipun. Sarêng sampun samêkta kangjêng sultan nuntên bidhal. Balanipun sakalangkung kathah, gêgaman warni-warni, kangjêng sultan nitih gajah, lampahipun sampun dumugi ing Prambanan. Lajêng amasanggrahan, bala ing Pajang angêbêki papan.

Kacariyos Senapati Ngalaga lan balanipun tiyang Mataram wolung atus sumêja amêthuk prang, sampun abaris wontên ing Randhulawang, sarta sami angatos-atos. Kyai Juru wicantên dhatêng Senapati. Senapati, kang dadi karêpku kowe aja kongsi prang karo kangjêng sultan. Sabab balamu ming sathithik. Bala

--- 159 ---

ing Pajang tanpa wilangan. Amêsthi bakal tumpês, sarta aku bangêt isin andêlêng wong ing Pajang, ayo padha nênêdha ing Allah, kang supaya wong Pajang padha girisa atine, kowe anagiha prajangjine Nyai Kidul. Aku tak nagih jangjine kakahyangan ing gunung Marapi, lan balamu konên baris ing Gunung Kidul sawêtara, ing Gunung Kidul konên numpuki kayu akèh dohe lêt sapambêdhil. Amratanana gunung iku, mêngko bêngi konên ngobong barêng. Makatên wau inggih nuntên kalampahan. Sarêng ing wanci sêrap srêngenge, Senapati lajêng angadêg sarta sidhakêp anênga ing awang-awang, Kyai Juru inggih makatên ugi, botên dangu nuntên jawah awor barat. Kêkajêngan kathah kang sêmpal tuwin sol. Ing awang-awang gumuruh swaranipun. Punika pratandhanipun yèn jim pêri prayangan sami dhatêng, sumêja têtulung prang, ing rêdi Marapi inggih nuntên murub. Swaranipun kados galudhug, angajrihi, sarta nuntên jawah awu, ing lèpèn Umpak mili ladhu, sela agêng-agêng sami minggah dhatêng dharatan. Ing Rêdi Kidul têtumpukan kajêng sarêng dipun obong, ing Rêdi Kidul dados latu sadaya, sarta bêndhe kang nama Ki Bicak tinabuh botên kèndêl-kèndêl.

Kangjêng sultan pinuju lênggah wontên ing pasanggrahan cakêt lèpèn Umpak, ingadhêp para bupati, kangjêng sultan [sulta...]

--- 160 ---

[...n] alon ngandika, bocah bupati, ingsun andêlêng ing Gunung Kidul ika dadi gêni, utawa gunung Marapi ya murub. Sarta ing awang-awang iki swaraning apa, kaya swaraning gêgaman maju prang, bangêt girise atiningsun. Adipati ing Tuban matur alon. Kangjêng sultan, pangandika dalêm punika angajrihi ing tiyang kathah, ingkang kamirêng punika swaraning jawah lan barat, botên amatosi, kalih dene abdi dalêm ing Pajang sadaya botên wontên kang ajrih amêngsah prang kalihan Senapati, yèn wontên dhawah dalêm amêsthi tiyang Matawis ing sakêdhap tumpês dening kula sarta tiyang Pajang sadaya. Kangjêng sultan alon ngandika, anak ingsun Ki Dipati Tuban, sira aja wani amungsuh kakangira Senapati, wruhanira, ingsun bakal tumêka ing jangji, dene karaton ing Pajang amung ingsun dhewe kang jumênêng nata, nuli kagêntèn marang kakangira Senapati, saturune bakal angrèh ing tanah Jawa kabèh, dene ênggon ingsun marang Mataram iki, ingsun amung arêp andêlêng marang Ki Senapati, krana bangêt ênggon ingsun kangên. Sarta Ki Senapati ingsun kira ora wani amungsuh marang ingsun.

Botên dangu nuntên ladhu aminggah dhatêng ing pasanggrahan. Sela agêng-agêng sami anggalundhungi bala ing Pajang, bala ing Pajang sami gègèr arêbut gêsang, lumajêng ing sapurug-purug. [sapuru...]

--- 161 ---

[...g-purug.] Kangjêng sultan tuwin para dipati kèlu sami lumajêng, pangraosipun katêmpuh ing mêngsah, gêgaman agêng gusis sami sakal saking ing ngriku. Sarêng wanci enjing lampahipun kangjêng sultan dumugi ing Têmbayat. Karsanipun badhe angujung dhatêng ing astana Têmbayat, nanging korining pakuburan dipun sorog botên kenging, kangjêng sultan lajêng angujungi kori kemawon. Sasampuning ngujung nuntên ngandika dhatêng tiyang juru kunci pakuburan. Juru kunci yagene lawanging pasarean ora kêna disorog. Juru kunci matur, kangjêng sultan, pandugi kula panjênêngan dalêm sampun botên kalilan jumênêng ratu dening Gusti Allah, pratandhanipun kori pasarean punika kasorog botên kenging. Kangjêng sultan mirêng aturing juru kunci anglês galihipun, lajêng sipêng, ing dalu sare wontên ing griya bale kêncur, kangjêng sultan wau salaminipun gêsang dèrèng rumaos sare sakeca kados punika, ing enjingipun wungu lajêng bidhal kondur dhatêng Pajang, kangjêng sultan nitih gajah, wontên ing margi dhawah saking gajah, andadosakên gêrahipun, lajêng nitih tandhu, sakalangkung rêmbên lampahipun.

Kacariyos Senapati Ngalaga mirêng wartos, yèn kangjêng sultan wontên ing margi gêrah, Senapati enggal anusul. Ambêkta bala kawan dasa, sami numpak [nu...]

--- 162 ---

[...mpak] kapal sadaya, andhèrèkakên saking katêbihan. Para putra tuwin para dipati ing Pajang sami uninga dhatêng Senapati, Pangeran Banawa matur ing kangjêng sultan. Punika Senapati Ngalaga anututi ing lampah dalêm. Untap-untapan kemawon. Bilih panjênêngan dalêm parêng badhe kula wangsuli, sumêja kula tumpês, mumpung balanipun sakêdhik, bala ing Pajang kathah. Kangjêng sultan ngandika alon. Putraningsun Pangeran Banawa, sira aja wani marang kakangira Ki Senapati, krana ing besuk yèn ingsun wis seda, amêsthi kakangira kang minôngka gêgêntiningsun. Dene ênggone nusul iku amung sumêja angatêrake marang ingsun. Sabab wis sumurup yèn ingsun gêrah, iku pratandhane yèn asih sarta urmat ênggone duwe bapa marang ingsun. Karo dene wêkas ingsun marang sira, besuk yèn ingsun wis seda, sira diatut lan kakangira Senapati, sarta dèn bêkti, sabab iku gêgêntiningsun. Ing samangsaning sira kongsi sulaya amêsthi sira bakal ora bisa jumênêng ratu ana ing Pajang. Pangeran Banawa tuwin sanèsipun kang sami mirêng ing pangandikanipun kangjêng sultan, sadaya sami anangis. Lampahipun sampun dumugi ing Pajang, lajêng lumêbêt ing kadhaton. Nanging gêrahipun kangjêng sultan sangsaya sangêt. Wondene Senapati lan sabalanipun inggih lajêng [la...]

--- 163 ---

[...jêng] mondhok ing dhusun Mayang, sakilèning kadhaton Pajang, kangjêng sultan sampun ingaturan pariksa dhatêng balanipun. Yèn Senapati mondhok ing dhusun Mayang, kangjêng sultan lajêng utusan animbali, nanging Senapati botên purun. Wangsulanipun dhatêng utusan, munjuka ing kangjêng sultan, aku ditimbali suthik, nanging aku ya ora mulih marang Mataram. Ana ing kene bae, lagi angêntèni karsaning Allah, utusan inggih sampun wangsul, sarta sampun matur ing kangjêng sultan.

Wondene Senapati wau lajêng atumbas sêkar salasih sakalangkung kathah, tinumpuk wontên ing korining alun-alun kang kilèn. Ing wanci dalu Senapati alênggah pitêkur andêdonga ing Allah, anuntên wontên jim dhatêng, anama Juru Taman. Punika abdinipun kêkasih dhatêng Senapati, nanging kang uninga dhatêng Juru Taman amung Senapati piyambak, tiyang sanes botên wontên kang uninga, agêngipun angungkuli têtiyang. Juru Taman wau matur dhatêng Senapati, gusti, bilih sampeyan karsa ambêdhah nagari Pajang sarta amêjahi ing sultan, kula kemawon kadhawahana, amêsthi Sultan Pajang badhe pêjah dening kula. Senapati ngandika, Juru Taman, aturmu iku ya wis tak tarima, nanging aku ora duwe karêp mêngkono, dene kowe duwe niyat [ni...]

--- 164 ---

[...yat] dhewe apa sakarêpmu, aku ora akon ora mênging. Juru Taman lajêng kesah dhatêng kadhaton Pajang. Senapati nuntên bidhal, sumêja kondur dhatêng ing Matawis.

Kala samantên kangjêng sultan pinuju lênggah wontên ing pasarean, sarta jinaganan para garwa, para putra inggih sami ngadhêp. Pangeran Banawa matur, pun kakang Senapati tumbas sêkar salasih kathah, katumpuk wontên korining alun-alun. Kangjêng sultan ngandika, kakangira iku bangêt trêsnane marang ingsun. Sarta wis sumurup yèn ingsun bakal seda. Anuntên Juru Taman wau dhatêng, nanging botên wontên kang uninga, lajêng andhodhog jajanipun kangjêng sultan, kangjêng sultan lajêng aniba botên èngêt gêrahipun saya sangêt. Antawis dangu nuntên seda, gumuruh swaraning tangis. Pangeran Banawa enggal utusan, angaturi Senapati, sanajan botêna purun inggih kapêksa dipun aturi, sabab dipun êntosi ênggènipun badhe anyirami layonipun kangjêng sultan. Utusan enggal mangkat asêsandêran. Senapati kacandhak wontên ing margi, sarêng dipun aturi dhatêng utusan, Senapati inggih enggal wangsul, anyandêr nyongklang, Kyai Juru botên kantun. Sadhatêngipun ing Pajang Senapati lajêng lumêbêt ing kadhaton. Anyungkêmi sukunipun kangjêng

--- 165 ---

sultan sarta anangis. Layon nuntên dèn bêrsihi, sarta kasalatakên. Lajêng kapêtak ing Butuh.

Ing sanèsipun dintên para putra santana tuwin para bupati punapadene Sunan Kudus sarta Senapati sami kalêmpakan wontên salêbêting kadhaton Pajang, Sunan Kudus ngandika dhatêng para bupati, para bupati, sira ingsun tari, mungguh para putrane sultan kang wus seda, sapa prayogane kang ênggêntenana jumênêng ratu ana ing Pajang. Para bupati sami matur, prayoginipun inggih Pangeran Banawa kang anggêntosana jumênêng ratu, sabab punika putra jalêr, sarta sampun wajibipun. Sunan Kudus ngandika, yèn Pangeran Banawa kang jumênêng anggêntèni, aku ora rêmbug. Krana iku putra nom. Adipati ing Dêmak kang prayoga anggêntenana marang sultan kang wus seda, sanajan iku putra mantu, sabab padha trahing ratu, karodene garwane Adipati Dêmak iku putrane sultan kang tuwa dhewe, dene Pangeran Banawa dadia dipati ing Jipang, kang minôngka warise. Senapati Ngalaga badhe anyambungi wicantên. Nuntên dipun saru dhatêng Kyai Juru, Senapati ing Ngalaga inggih lajêng kèndêl. Wondene karsanipun Sunan Kudus wau inggih sampun kalampahan. Pangeran Banawa ênggènipun wontên ing Jipang kapêksa, sarta sangêt sakite galihipun. Senapati Ngalaga [Ngala...]

--- 166 ---

[...ga] inggih lajêng mantuk dhatêng ing Matawis. Kyai Juru tansah amituturi dhatêng Senapati, thole, kowe aja dahwèn ênggone rêbut kamuktèn Pangeran Banawa lan dipati ing Dêmak. Wong padha sadulure dhewe, sanajan kongsia dadi pêrang ya cikmèn. Angur kowe sêdhêkaha, sarta angajèkna marang kang wus seda, supaya kowe oleha sawabe, Senapati inggih amiturut dhatêng ingkang paman.

Kacariyos ing Pajang inggih saèstu Adipati Dêmak kang jumênêng wontên ing Pajang, sarta kathah babêktanipun tiyang saking Dêmak. Sami agêgriya ing Pajang, kala samantên sawarninipun tiyang ing Pajang kang sami gadhah lêlênggah sabin. Sadaya sami dipun longi sapratigan, kaparingakên dhatêng tiyang babêktan saking Dêmak. Sarta sami kajunjung lênggahipun, sapangkat-pangkat. Dene têtiyang kang sami dipun longi sabinipun wau, sadaya sami sakit manahipun, sarta pamujinipun sami awon. Andadosakên rêsahe nagari ing Pajang, kathah têtiyang alampah durjana, ambegal, ngampak, tuwin mandung, wontên ingkang tilar bale griyanipun, ngalih gêgriya ing Matawis. Mantri pangalasan ing Pajang utusan dhatêng Mataram, asuka pariksa dhatêng Senapati, yèn nagari Pajang samangke sakalangkung rêsah tatanipun, sarta ambêbangus dhatêng Senapati, supados puruna [pu...]

--- 167 ---

[...runa] ambêdhah nagari Pajang, lajêng jumênêng ratu wontên ing ngriku, ing samangsanipun Senapati purun ambêdhah ing Pajang, amêsthi bala ing Pajang sadaya sami ambalik, ambiyantoni dhatêng Senapati. Wangsulanipun Senapati dhatêng utusan. Kowe tutura marang pawong sanakku Ki Pangalasan. Wus bangêt ênggonku narima pangandêle marang aku, nanging aku durung duwe cipta mêngkono, dene yèn wis ana parentahing Allah aku andikakake jumênêng ratu gampang bae angrusak ing Pajang. Utusan wau inggih lajêng mantuk dhatêng Pajang.

Kacariyos Pangeran Banawa kang wontên ing Jipang, sakalangkung ênggènipun prihatos, kirang dhahar sare, bilih wanci dalu sare naritis. Botên kauban griya. Kala samantên Pangeran Banawa ing dalu supêna, kêpanggih ingkang rama swargi, kadhawahan anyuwuna pitulung dhatêng Senapati ing Ngalaga. Sawungunipun enjing lajêng utusan dhatêng Matawis. Senapati dipun aturi dhatêng Jipang, utusan inggih nuntên mangkat. Sampun kêpanggih kalihan Senapati, ing sadhawahipun Pangeran Banawa inggih sampun kaaturakên sadaya. Panêbahan Senapati ngandika, kongkonan, kowe matura marang adhi mas. Aku diaturi marang Jipang gawene apa, yèn aku bakal dijak ngrêbut nagara [na...]

--- 168 ---

[...gara] ing Pajang, aku suthik. Wong rêbut nagara padha sadulure dhewe, aku suthik milu-milu, lan iku wong wis diparingi nagara dhewe marang kangjêng sultan swargi, ing Mataram iki kang môngka warisku, wis, matura mêngkono bae marang adhi mas. Utusan inggih lajêng mantuk dhatêng Jipang, punapa ing sadhawahipun Senapati inggih sampun kaaturakên sadaya. Pangeran Banawa ngandika, kowe balia maneh mênyang Mataram. Kowe matura marang kakang Senapati, yèn aku biyèn diwêkas marang kangjêng rama swargi, andikakake amiturut sabarang rèhe kakang Senapati, sabab iku kang minôngka gêgêntine kangjêng rama, lan nagara ing Pajang samêngko dakaturake marang si kakang, si kakang dakaturi jumênêng ratu ana ing Pajang, aku lila lair batin. Lan si kakang iku putrane pambarêp marang kangjêng rama swargi, wis wajib yèn anggêntenana jumênêng ratu, yèn Dipati Dêmak kang anggêntèni aku ora lila, angur aku tumuli matia, mênawa si kakang lila ing patiku amêsthi ora anuruti ing aturku iki, wis, tumuli mangkata. Utusan inggih enggal mangkat, sampun kêpanggih kalihan Senapati, sarta angaturakên ing sadhawahipun Pangeran Banawa, botên wontên kalangkungan. Senapati Ngalaga sarêng mirêng aturing utusan, sakalangkung suka galihipun.