Sastra Jawa

Program Digitalisasi Sastra Daerah

  • Increase font size
  • Default font size
  • Decrease font size

Babad Tanah Jawi, Meinsma, 1874, #778 (Hlm. 169-260)

Katalog:Babad Tanah Jawi, Meinsma, 1874, #778
Sambung:
1.Babad Tanah Jawi, Meinsma, 1874, #778 (Hlm. 001-085). Kisah, Cerita dan Kronikal | Babad Tanah Jawi #771.
2.Babad Tanah Jawi, Meinsma, 1874, #778 (Hlm. 086-168). Kisah, Cerita dan Kronikal | Babad Tanah Jawi #772.
3.Babad Tanah Jawi, Meinsma, 1874, #778 (Hlm. 169-260). Kisah, Cerita dan Kronikal | Babad Tanah Jawi #773.
4.Babad Tanah Jawi, Meinsma, 1874, #778 (Hlm. 261-345) . Kisah, Cerita dan Kronikal | Babad Tanah Jawi #774.
5.Babad Tanah Jawi, Meinsma, 1874, #778 (Hlm. 346-427). Kisah, Cerita dan Kronikal | Babad Tanah Jawi #775.
6.Babad Tanah Jawi, Meinsma, 1874, #778 (Hlm. 428-522) . Kisah, Cerita dan Kronikal | Babad Tanah Jawi #776.
7.Babad Tanah Jawi, Meinsma, 1874, #778 (Hlm. 523-600) . Kisah, Cerita dan Kronikal | Babad Tanah Jawi #777.
8.Babad Tanah Jawi, Meinsma, 1874, #778 (Hlm. 601-688) . Kisah, Cerita dan Kronikal | Babad Tanah Jawi #778.

--- 169 ---

Sarta awêlas dhatêng ingkang rayi, tumuntên ngandika, yèn mêngkono kang dadi karsane adhi mas. Nagara Pajang iku bakal taktêmu pèk. Kowe matura marang adhi mas. Adhi mas dakaturi mrene, lan anggawaa bala sagêgamaning prang, mêtua ing tanah Gunung Kidul. Aku ya bakal amapak ing kono. Utusan lajêng pamit mantuk, lampahipun gêgancangan, sampun panggih kalihan Pangeran Banawa, sarta matur wiwitan dumugi ing wêkasan. Pangeran Banawa sarêng mirêng, sakalangkung suka galihipun. Enggal angundhangi balanipun. Samêkta sagêgamaning prang, lajêng bidhal. Senapati Ngalaga inggih sampun bidhal lan sabalanipun, dhatêng ing tanah Rêdi Kidul. Kèndêl wontên ing dhusun Wêru, sampun kêpanggih kalihan Pangeran Banawa, lajêng sami rêrangkulan. Kalih-kalihipun sami muwun. Kèngêtan dhatêng kangjêng sultan kang sampun seda, lajêng sami amasanggrahan wontên ing ngriku, sarta sami apirêmbagan ênggènipun badhe ambêdhah nagari ing Pajang.

Kacariyos bala ing Pajang ingkang lami-lami sampun sami mirêng wartos, yèn Pangeran Banawa akumpul kalihan Senapati, amasanggrahan ing dhusun Wêru, badhe ambêdhah nagari Pajang, bala ing Pajang wau lajêng kathah kang ambalik. Sami andhèrèk gustinipun lami. Wondene ingkang taksih wontên ing Pajang, amung kantun bala [ba...]

--- 170 ---

[...la] bêbêktan saking Dêmak kemawon. Senapati Ngalaga sarta Pangeran Banawa, sarêng aningali bala ing Pajang kathah kang sami êmbalik, sakalangkung suka galihipun. Anyipta yèn gampil bêdhahipun nagari ing Pajang. Senapati ngandika dhatêng Pangeran Banawa, adhi mas, sarèhning bala ing Pajang sampun kathah kang sami nungkul, sarta gêgaman puniki sampun kathah, ing dintên benjing-enjing sumôngga sami bidhal anggêbag ing Pajang, jêngandika anindhihana têtêlukan bala saking Pajang, amêdala korining kitha kang wetan. Kula lan tiyang Mataram sadaya amêdal korining kitha kang kilèn. Pangeran Banawa matur sandika. Ing enjingipun lajêng bidhal. Lampahing baris dados kêkalih, gêgaman tuwin bandera awarni-warni, yèn tiningalan sakalangkung asri. Wondene Adipati Dêmak kang jumênêng wontên ing Pajang, inggih sampun sumêrêp yèn badhe dipun inggahi dhatêng Pangeran Banawa sarta Senapati, Adipati ing Dêmak wau lajêng parentah dhatêng balanipun tuwin tiyang têtumbasan. Baturku têtukon kabèh, wong Bali, Bugis, Mêkasar, kowe padha dingati-ati, kowe bakal padha takdu prang karo Senapati, sakèhe duwèkku êmas lan salaka iki padha gawenên mimis. Sabab Senapati iku wis misuwur yèn kêndêl sarta têguh, lan sabalane kabèh, samangsane kobêdhil ing mimis mas [ma...]

--- 171 ---

[...s] amêsthi bakal pasah, lan satêngahing prang besuk, kowe aja ana kang mundur, amêsthi kowe bakal dakpatèni dhewe, sabab kowe wis padha taktuku. Tiyang têtumbasan wau aturipun sandika, lajêng sami mapan minggah dhatêng balowarti, tuwin tiyang kang saking Dêmak kang dede têtumbasan, inggih sampun sami minggah dhatêng palataraning biting, sarta gêgamanipun sampun sami pirantos, sanjata tuwin waos lan towok. Botên dangu Senapati lan sabalanipun dhatêng saking kilèn. Lajêng dipun karutug ing sanjata, mimis kados garimis. Nanging Senapati lan sabalanipun botên wontên pasah, sarta botên ajrih, Senapati anitih kuda ulês purnamasada, anama Bratayuda, sarêng kadhawahan mimis botên pasah, mimis sami tumèmplèk ing awaking kapal. Yèn tiningalan kados ulês dhawuk. Utawi kang dhawah ing jajanipun Senapati, yèn tiningalan amindha prana, ing awang-awang gumuruh suwaraning suraking jim, pêri, prayangan. Sami atêtulung ing prang dhatêng Senapati. Senapati ngandika sêru dhatêng mêngsahipun. Hèh wong têtukon kabèh, aja kapati-pati ênggonmu prang, kang korêbut apa, kowe ora milu duwe prakara, angur padha lumayua, yèn wis mênang ênggonku prang besuk padha mardikaa. Sakathahe tiyang têtumbasan, sarêng

--- 172 ---

mirêng enggal sami lumajêng, atilar gêgamanipun. Senapati lan sabalanipun sampun dumugi korining alun-alun kang kilèn. Kang baris ing kori ngriku mantri Pajang, anama Kyai Gêdhong sarta akanthi bala ing Dêmak. Senapati anêdha mênganing kori, tiyang Dêmak botên suka, lajêng dipun amuk dhatêng Kyai Gêdhong, bala ing Dêmak kang wontên ing kori kathah pêjah, nuntên sami lumajêng, kori lajêng dipun êngakakên dhatêng Kyai Gêdhong, Senapati sampun lumêbêt ing salêbêting kori, kêpanggih lan Kyai Gêdhong, lajêng ngabêkti. Senapati rumaos kapotangan dhatêng Kyai Gêdhong, lajêng ngandika, Kyai Gêdhong, bangêt panarima kula marang dika, besuk ing saturun dika mugi sampun pisah lan turun kula, yèn mukti ênggih milua, yèn lara ênggih milua. Kyai Gêdhong aturipun nuwun. Lajêng pamit ngamuk dhatêng tiyang Dêmak kang baris ing alun-alun. Senapati anglilani, Kyai Gêdhong nuntên majêng ngamuk. Tinadhahan ing kathah Kyai Gêdhong sampun pêjah. Senapati sakalangkung ngungun. Lajêng sumungkêm ing kêkêpuh, andêdonga ing Allah, ngêningakên tingal. Bala ing Dêmak kang sami baris wontên alun-alun wau lajêng sami prang amuk-amukan sami kancanipun piyambak. Kathah ingkang sami pêjah, nuntên sami lumajêng, pangraosipun Senapati angamuk. Kyai [Kya...]

--- 173 ---

[...i] Juru enggal amurugi Senapati, sarta numpak kapal. Senapati taksih sumungkêm ing kêkêpuh, enggal dipun cêluk dhatêng Kyai Juru, Senapati, tangia, aja katungkul ngantuk bae, kowe apa lali yèn iki prang, Senapati kagèt. Lajêng wungu sarta pitakèn. Tiyang Dêmak kang sami baris wau samangke wontên ing pundi, Kyai Juru amangsuli, wis padha lumayu kabèh, ayo banjur nyang kadhaton. Dipati Dêmak kiraku wis wêdi, ora sumêja mapag pêrang, Senapati nuntên tumurun saking kapal. Lumampah dharat dhatêng kadhaton. Kyai Juru pitakèn. Yagene kowe mudhun sêka jaran. Rak bêcik nunggang bae, Senapati mangsuli, milanipun kula mudhun, ing pagêlaran sarta ing sitinggil punika tilas pinarakanipun kangjêng sultan swargi, Kyai Juru inggih lajêng tumut mudhun. Lampahipun sampun dumugi kori sapisan. Garwanipun Dipati Dêmak, putranipun dening sultan swargi enggal amêthukakên, anyungkêmi sukunipun Senapati matur sarwi nangis. Kakang Senapati, rayi sampeyan bojo kula sampun sampeyan pêjahi. Senapati sarêng ningali sarta mirêng aturipun ingkang rayi awêlas ing galihipun. Lajêng ngandika, yayi, wis, mênênga, aja nangis. Bojomu ora-orane dakpatèni, mung dakkapokake bae,

--- 174 ---

sabab ênggone dadi ratu ana ing Pajang iki ora bênêr, yèn bojomu wis ngrasa kalah, jakên marang ing sitinggil sarta bandanên. Pratandhane yèn wis kalah ênggone prang lan aku. Senapati lajêng dhatêng ing sitinggil, lênggah kalihan Ki Juru, Pangeran Banawa lan sabalanipun inggih sampun dhatêng wontên ing sitinggil. Wondene garwanipun Dipati Dêmak wau inggih lajêng lumêbêt ing kadhaton. Dipati Dêmak sampun binêsta ing cindhe, nuntên binêkta dhatêng sitinggil, ingiringakên garwanipun, sarta para èstri kathah, alênggah tumungkul wontên ing ngarsane Senapati sarta Pangeran Banawa. Senapati ngandika dhatêng Dipati Dêmak. Adipati Dêmak, karaton Pajang iki dudu warismu, kang duwe waris adhiku Pangeran Banawa, iku kang sayoga anggêntenana kangjêng sultan swargi, dene warismu dhewe ing Dêmak. Kowe tumuli muliha marang ing Dêmak. Hèh wongku ing Mataram, kowe padha angatêrna marang Adipati Dêmak. Sarta salong amikula tandhune, bêbandane aja kouculi, besuk yèn wis têka ing Dêmak bae uculana. Bala ing Mataram matur sandika, Dipati Dêmak sagarwaputranipun sampun kaangkatakên, dipun tandhu sarta ingurung-urung gêgaman.

Senapati Ngalaga sarta Pangeran Banawa lan sabalanipun [sabala...]

--- 175 ---

[...nipun] lajêng sami kasukan. Bawanipun mêntas mênang prang, dados anutugakên ing sakarsa-karsanipun ênggènipun sami kasukan. Pangeran Banawa matur dhatêng ingkang raka Senapati, kakang, sampeyan kula aturi jumênêng ratu wontên ing Pajang ngriki, anggêntosana rama jêngandika swargi, sabab sampeyan putra kang sêpuh piyambak. Kula lila ing lair batin, sarta kula narima anyatriya kemawon. Punapa malih kang warni rajabrana têtilaranipun swargi, kula inggih anyumanggakakên ing sampeyan. Senapati amangsuli, adhi, sampun sangêt panrima kula ing pangandêl dika marang kula, nanging kula botên purun jumênêng ratu wontên ing Pajang ngriki, kula bakal jumênêng ratu wontên ing Mataram kemawon. Sabab punika pêparinge kangjêng rama sultan swargi, kalih dene sampun pinêsthi karsaning Allah, kula lan saturun kula bakal jumênêng ratu gêdhe wontên ing Mataram. Dene ing Pajang ngriki, jêngandika kang bakal kula jumênêngakên ratu, anggêntosana kangjêng rama sultan swargi, amung kang rupa barang wasiyate kemawon kula jaluk. Gong Kyai Sêkar Dalima, kêndhali Kyai Macan Guguh, cêkathakan Kyai Gathayu, lan sapanunggalane kang jênêng bêbêrkatan. Pangeran Banawa inggih nyumanggakakên. Lajêng sami lumêbêt ing kadhaton. Sarêng ing wanci enjing [e...]

--- 176 ---

[...njing] sawarnine babêrkatan ingkang rumiyin-rumiyin lajêng sami kawêdalakên saking kadhaton, badhe kabêkta dhatêng Matawis. Senapati Ngalaga sarta Pangeran Banawa nuntên miyos dhatêng pagêlaran. Senapati pinarak ing dhampar mas alêlèmèk babud. Ingadhêp para mantri tuwin para bupati, cahyanipun mancorong, Pangeran Banawa inggih kasandhing lênggah, Senapati angandika dhatêng kang sami sowan sadaya, para bupati mantri kabèh, sira padha nêksenana, yèn adhiningsun Pangeran Banawa ingsun jumênêngakên sultan, amêngku nagara Pajang, anggêntèni ingkang rama swargi. Para bupati mantri sadaya sami jumurung, sarta sami sangsaya ajrih dhatêng Senapati, sabab botên nyana yèn Pangeran Banawa ingkang dipun jumênêngakên. Senapati lajêng amulang dhatêng ingkang rayi, bab rumêksanipun ing nagari, sampun ngantos kirang ing pangatos-atos. Sarta kapurih gadhaha tiyang tigang prakawis. Kang rumiyin pandhita, kaping kalih tiyang petang iladuni palak palakiyah, kaping tiga tiyang ahli tapa, yèn dika pakèwêdan amranata nagara, atakena dhatêng pandhita, yèn dika ajêng sumêrêp ingkang dèrèng kêlampahan, atakena dhatêng tiyang petang iladuni palakiyah, yèn dika ajêng sumêrêp ing kasêktèn, atakena dhatêng tiyang ahli tapa. Pangeran Banawa aturipun nuwun. Senapati

--- 177 ---

nuntên pamit. Sumêja kondur dhatêng ing Matawis. Lajêng bidhal sabalipun, sampun dumugi ing Matawis.

Senapati Ngalaga lajêng jumênêng sultan wontên ing Matawis. Nanging botên karan, têtiyang kathah sami amastani Panêmbahan Senapati kemawon.

Kala samantên Panêmbahan Senapati anjunjung nama dhatêng ingkang rayi, ingkang sami diwasa, Radèn Tompe kaparingan nama Pangeran Tumênggung Gagakbaning, radèn mantri kaparingan nama Pangeran Singasari, Radèn Jambu kaparingan nama Pangeran Mangkubumi, putranipun Panêmbahan Senapati satunggil jalêr sampun diwasa, patutanipun kalihan èstri saking Kalinyamat, putra wau anama Radèn Rôngga.

Kacariyos Radèn Rôngga wau sakalangkung digdaya, rosa sarta têguh, watêkanipun panasbaran sarta cêngkiling, asring nampiling tiyang rêmuk sirahipun lajêng pêjah. Wontên tiyang nênêka saking Bantên satunggil, sumêja ngayoni karosanipun Senapati, lajêng dipun panggihi dhatêng Radèn Rôngga, sami ngabên karosan. Tiyang ing Bantên kawon. Inggih sampun pêjah amargi dipun tampiling. Sarêng kauningan ingkang rama, Radèn Rôngga dipun dukani, lajêng dipun kèn mutung jêmpole suku ingkang rama, Panêmbahan ngraos sakit. Radèn Rôngga

--- 178 ---

dipun kipatakên malêsat. Radèn Rôngga sangêt isin dhatêng tiyang kathah, lajêng sumêja kesah, botên purun mêdal ing kori, anumbuk pagêr banon. Pagêr bolong satiyang, Radèn Rôngga sumêja purik dhatêng Pathi, dipun kèn nututi dhatêng ingkang rama, kapurih wangsula, ingkang nututi lajêng dipun pipit ing suku sampun pêjah. Radèn Rôngga lajêng dhatêng ing Pathi tuwi ingkang paman. Sang dipati ing Pathi pinuju lênggah ing paseban jawi, sangajênge paseban ngriku wontên sela agêng satunggil. Sang dipati sarêng aningali kapenakanipun dhatêng, enggal dipun awe, Radèn Rôngga wau sarèhning ênggènipun lumampah lêrês ing panggenan sela, botên purun nyimpang, sela lajêng katumbuk balêdug. Tiyang ing Pathi sami eram sadaya. Sarêng sampun lami ênggènipun wontên Pathi, Radèn Rôngga nuntên mantuk dhatêng Matawis. Wontên ing margi ningali tiyang tapa satunggil. Asêsèndhèn wit asêm. Lajêng dipun candhak kasêmpal-sêmpal sampun pêjah, Radèn Rôngga lajêng lampahipun dumugi ing Matawis. Panêmbahan sarêng aningali ingkang putra dhatêng nuntên dipun timbali sarta andikakakên anggêguru dhatêng Ki Juru Martani, supados wêwaha ing kasêktènipun tuwin kasagêdan sanèsipun. Radèn Rôngga matur sandika, lajêng mangkat dhatêng dalêmipun kang eyang Kyai Juru, Radèn Rôngga wicantên salêbêting [sa...]

--- 179 ---

[...lêbêting] manah, aku iki wis angluwihi ing sapêpadhaku, môngka isih dikon ênggêguru marang eyang Juru, sing tak guroni apane. Lampahipun sampun dumugi ing dalême kang eyang, Kyai Juru pinuju salat wontên ing masjid alit. Radèn Rôngga lajêng lênggah wontên ing undhak-undhakaning masjid, kang dipun damêl sela kumlasa, sela kumlasa wau dipun cublêsi ing dariji dhatêng Radèn Rôngga kados anyublêsi siti ingkang êmpuk. Sela kumlasa pating dharêkok tatu dariji. Kyai Juru sabakdane salat luhur nuntên mêdal saking masjid. Kagèt aningali ingkang wayah anyublêsi sela, lajêng ngandika, Radèn Rôngga, watu kocublêsi iku apa ora atos. Sela wau inggih lajêng atos sami sakala, dipun cublês botên pasah, Radèn Rôngga wicantên salêbêting manah, bênêr rama Senapati, aku dikon anggêguru marang eyang Juru, wong tuwa mono ora kêna diungkuli marang wong nom, ing kasêktène utawa ngèlmu liyane. Radèn Rôngga lajêng nyuwun wulang dhatêng ingkang eyang, Kyai Juru inggih kathah pêparingipun wulang dhatêng ingkang wayah, Radèn Rôngga tumuntên mantuk.

Sarêng sampun lami Radèn Rôngga mirêng pawartos, yèn ing Patalan wontên sawêr agêng, anglangkungi galak. Asring nguntal tiyang langkung, lajêng dipun purugi dhatêng Radèn [Radè...]

--- 180 ---

[...n] Rôngga, sawêr enggal anyandêr, nyakot sarta mulêt. Radèn Rôngga panggah, cinakot botên pasah, pinulêt botên ebah, sawêr lajêng kinêthok-kêthok sampun pêjah, Radèn Rôngga nuntên mantuk. Dumugining dalêm lajêng gêrah andadosakên ing sedanipun.

Kacariyos Panêmbahan Senapati sampun tulus ênggènipun mukti wontên ing Mataram, sarta sampun apêputra sanga, pambajêngipun Radèn Rôngga kang sampun pêjah wau, ingkang rayi nama Pangeran Pugêr, tiga Pangeran Purbaya, sakawan Pangeran Jayaraga, gangsal Pangeran Juminah, nêm nama Panêmbahan Krapyak, timuripun anama Radèn Jolang, punika kang dipun gadhang anggêntosi jumênêng ratu, pitu Pangeran Pringgalaya, wolu èstri, krama angsal Radèn Dêmang Tanpanangkil, sanga èstri malih, krama angsal Pangeran Têpasana, Kyai Juru Martani kaangkat nama Dipati Môndaraka.

Kacariyos Pangeran Banawa ing Pajang ênggènipun jumênêng sultan sawêg sataun lajêng seda, nuntên kagêntosan ingkang rayi Panêmbahan Senapati, anama Pangeran Gagakbaning, kadadosakên dipati ing Pajang, bala ing Pajang suyud sadaya, parentahipun ajêg, nanging botên purun ngênggèni padalêman lami, mingsêr mangetan, pagêring kitha kaêlar, ing ngriku wontên makam mukmin saking [sa...]

--- 181 ---

[...king] Ngarab, inggih kalêbêtakên ing pagêr kitha, kapêndhêt sawabipun. Kitha ing Pajang samangke dhapur pasagi, botên lami Pangeran Gagakbaning wau lajêng seda, kapêtak ing Matawis. Nuntên kagêntosan ing putranipun anama Pangeran Pajang.

Kala samantên Panêmbahan Senapati utusan dhatêng Giri sarta mawi sêrat. Panêmbahan Senapati badhe angyêktosakên wirayatipun Sunan Giri, kalanipun Sultan Pajang sowan dhatêng Giri rumiyin. Utusan inggih sampun mangkat. Sunan Giri nuju sineba ing balanipun. Utusan saking Matawis lajêng ngaturakên sêrat. Sunan Giri sasampuning maos sêrat mèsêm sarwi ngandika, kongkonan, kowe tutura marang Ki Senapati, yèn arêp anyatakake wirayatku, konên anglurug marang bang wetan. Wirayatku iki wis pinêsthi karsaning Allah, yèn ratu ing Mataram besuk bakal angrèh wong tanah Jawa kabèh, sanajan ing Giri kene besuk ya têluk marang ing Mataram. Sabab karsaning Allah iku wis ora kêna owah, ginawe jaman walikan. Gusti dadi kawula, kawula dadi gusti, pratandhane wis ana ing Pajang lan ing Mataram iku. Utusan lajêng pamit mantuk. Sampun dumugi ing Matawis, matur ing wiwitan dumugi ing wêkasan. Panêmbahan Senapati ngandika dhatêng kang paman Dipati [Dipa...]

--- 182 ---

[...ti] Môndaraka, paman, kula badhe tumuntên mangkat ngalurug dhatêng bang wetan. Angkat kula benjing wulan Mukaram. Kula anurut kalanipun Sultan Pajang sowan dhatêng Giri rumiyin pinuju wulan Mukaram. Kalih dene sampeyan amarentahana dhatêng Adipati ing Pathi, Dêmak, Garobogan, kang sampun sami karèh ing kula, sami asaosa gêgamaning prang, benjing yèn kula mangkat sampuna ngalêmpak wontên ing Pajang, Ki Dipati Môndaraka matur sandika. Sarêng dumugi ing wulan Mukaram, Panêmbahan lajêng bidhal lan sabalanipun, tuwin nagari kang sampun sami karèh tiyangipun inggih andhèrèk sadaya, sumêja anêlukakên nagari bang wetan kang dèrèng nungkul. Lampahipun anjujug ing Japan.

Kacariyos pangeran ing Surabaya, punika kang dados pangagêngipun para bupati ing bang wetan, sampun mirêng pawartos yèn Senapati ing Mataram sumêja anêlukakên nagari bang wetan sadaya, Pangeran Surabaya wau enggal utusan. Angaturi para bupati ing Tuban. Sadayu, Lamongan, Garêsik, Lumajang, Kartasana, ing Malang, Pasuruan, Kadhiri, Wirasaba, Balitar, Pringgabaya, Pragunan, Lasêm, Madura, Sêmênêp, Pakacangan. Sadaya wau inggih sampun sami dhatêng sabalanipun wontên ing Japan. [Japa...]

--- 183 ---

[...n.] Sumêja sami mêthukakên prangipun Senapati, wondene Panêmbahan Senapati lan sabalanipun inggih sampun dhatêng wontên ing Japan. Gêgamanipun sampun sami ajêng-ajêngan. Anuntên wontên utusanipun Sunan giri, sarta ambêkta sêrat. Sadhatêngipun ing Japan, lajêng damêl pasanggrahan piyambak. Nuntên angaturi Panêmbahan Senapati, sarta Pangeran Surabaya tuwin para bupati sadaya, inggih sampun sami dhatêng wontên ing pasanggrahan ngriku, atata sami lênggah, utusan ing Giri wicantên. Para priyantun agêng-agêng sadaya, kula dipun utus ing Kangjêng Sinuhun Giri, amaringakên sêrat, kula waose piyambak, sami kamirêngêna, utusan Giri lajêng maos. Ungêling sêrat. Layang Ingsun Kangjêng Sunan Giri dhawuha marang putraningsun Senapati ing Mataram. Lan dhawuha marang putraningsun Pangeran Surabaya, liring layang, ênggonira bakal pêrangan iku ingsun ora anglilani, karana bakal akèh pêpati, angrusakake wong cilik. Ing mêngko sira wong loro amiliha, isi lan wadhah, yèn sira wis padha milih isi lan wadhah mau, ing sasênêngira dhewe-dhewe, tumuli padha atuta, lan padha sokura ing Allah, nuli padha muliha marang nagaranira dhewe-dhewe, lan ing besuk manawa ana karsaning Allah, [A...]

--- 184 ---

[...llah,] sira padha tinitah luhur utawa andhap, anarimaa ing papêsthèn. Titi. Senapati tumuntên ngandika dhatêng Pangeran Surabaya, adhi ing Surabaya, kadospundi kang dados karsa sampeyan, mênggah dhawahipun Sunan Giri, kula lan sampeyan andikakakên milih, isi lan wadhah, sampeyan milih kang pundi, kula nyarah kemawon. Pangeran Surabaya sumaur, kakang Senapati, kula amilih isi kemawon sampeyan wadhahipun. Panêmbahan Senapati inggih sampun narimah tampi wadhah. Sarêng sampun ênggènipun sami pilih-pinilih, lajêng sami bibar mantuk dhatêng nagarinipun piyambak-piyambak. Utusan ing Giri inggih sampun mantuk, sarta sampun matur ing Gustinipun. Sunan Giri sarêng mirêng ing aturing utusan lajêng ngandika, wruhanira, wis pinêsthi karsa Allah, Senapati ênggone anampani wadhah iku wis kabênêran. Wadhah iku nagara, isi iku wonge, ing samangsane uwong ora anurut marang kang duwe bumi amêsthi bakal ditundhung. Kacariyos Pangeran Surabaya utusan ananêm Bupati wontên ing Warung tanah Blora, inggih sampun kêlampahan. Sarêng kauningan dhatêng Panêmbahan Senapati, lajêng katêlukakên. Yèn botên purun têluk, botên suka anganciki siti ing Warung Blora, [Blo...]

--- 185 ---

[...ra,] sabab siti ing ngriku wau gadhahanipun Senapati, bupatosipun inggih sampun têluk dhatêng Mataram. Utawi sakiwa têngên ing ngriku inggih sampun sami têluk dhatêng Mataram. Ingkang mogok kagêbag ing prang. Anuntên Panêmbahan ing Madiun kalêmpakan kalihan para bupati ing bang wetan, ingkang dèrèng sami têluk dhatêng ing Mataram. Sumêja sami badhe ambêdhah nagari ing Mataram. Sabab Senapati punika kaupamekakên latu sakonang, prayogi nuntên kasiram ing toya, supados sampun ngantos ngômbra-ngômbra, para bupati wau inggih sampun sami rêmbag. Nuntên sami anglêmpakakên bala wontên ing Madiun, sarta samêkta sagêgamaning prang, sakalangkung agêng barisipun.

Wondene Panêmbahan Senapati inggih sampun ingaturan pariksa dhatêng abdinipun têlik yèn Panêmbahan Madiun akanthi bupati kathah, badhe anggêbag ing Matawis. Panêmbahan Senapati enggal angundhangi balanipun. Angrakit gêgamaning prang, lan angêrigi nagari kang sampun sami kaêrèh. Sarêng sampun sami ngalêmpak pinuju ing wulan Mukaram. Panêmbahan Senapati lajêng budhal sabalanipun. Kyai Dipati Môndaraka inggih tumut. Lampahipun sampun dumugi sakilèning kitha Madiun. Amasanggrahan ing dhusun Kalidhadhung, sakilèning bangawan Madiun, ajêng-ajêngan

--- 186 ---

kalihan mêngsah, nanging êlêt banawi. Panêmbahan Senapati sarêng sumêrêp mêngsahipun sakalangkung kathah, balanipun piyambak amung sakêdhik. Lajêng pirêmbagan kalihan Ki Dipati Môndaraka angupados akal. Sarêng sampun angsal akal, senapati nuntên ngandika dhatêng abdinipun èstri, anama Adisara, sakalangkung ayu warninipun. Adisara, kowe mênyanga kutha Madiun. Layangku iki aturna marang Panêmbahan Madiun. Unine layang iki, aku asêngadi têluk. Kang supaya ilanga pangati-atine, utawa ambubarna bêbarisane, kajabane nglayang môngsa bodhoa kowe gonmu murih lunture sihe marang aku, lan sira anganggo-anggoa sarta pêpaesa kang bêcik, sarta anungganga jolang, dene kang mikul jolangmu lan kang anggawa upacaramu prajuritku Jayataka wong patang puluh iku, yèn kowe dèn ganggu-ganggu marang para santana ing Madiun, ya ladenana sajabane paremana, naging aja nganti anjêroni. Bok Adisara aturipun sêndika, lajêng dandos busana kang sae-sae, sarta apêpaès. Warninipun sakalangkung ayu, kang aningali sami kasmaran. Nuntên mangkat anumpak jolang, sarta pinayungan, ingiring upacara amindha putri, lampahipun anêrak bêbarisan agêng ing Madiun. Tiyang ingkang bêbarisan [bê...]

--- 187 ---

[...barisan] botên wontên kang nyujanani, sabab sami sumêrêp yèn kang dèn dhèrèk priyantun èstri, malah sami ningali sarta pitakèn, punika sintên. Wangsulanipun tiyang Matawis. Punika raja kula ing Mataram angaturi panungkul. Tiyang ing bêbarisan sarêng mirêng sakalangkung sami suka manahipun, anyipta yèn botên siyos prang.

Kacariyos Panêmbahan Madiun punika putranipun Sultan Dêmak. Ingkang nanêm bupatos Sultan Pajang swargi. Panêmbahan Madiun sampun pêputra kêkalih, èstri satunggil, jalêr satunggil, pambajêngipun èstri sakalangkung ayu warninipun sarta sampun diwasa, anama Rêtna Jumilah, ingkang rayi anama Mas Lonthang, Rêtna Jumilah wau dipun taros krama botên purun.

Wangsulanipun, inggih badhe purun krama yèn wontên marasêpuh anyêmbah dhatêng mantunipun, lan gadhah pêpanggil lading panyukur, ing saupami tiyang jalêr kapêrang ing lading, panyukur botên pasah, Rêtna Jumilah inggih purun kapêndhet garwa, yèn botên makatên inggih botên purun krama ing salaminipun. Kala sêmantên Panêmbahan Madiun pinuju lênggah wontên ing dalêmipun, ingadhêp para santana tuwin putrinipun. Kagèt aningali dhatêngipun Bok Adisara, dumrojog tanpa larapan. Lajêng anyungkêmi sukunipun panêmbahan. [panêmbaha...]

--- 188 ---

[...n.] Panêmbahan alon andangu, kowe iki wong saka ngêndi lan jênêngmu sapa. Bok Adisara matur nêmbah, kula kengkenanipun abdi sampeyan Senapati ing Mataram. Nama kula pun Adisara, kula dipun utus angaturakên sêrat panungkul ing sampeyan. Sêrat lajêng tinampèn sarta winaos. Ungêling sêrat, Senapati anungkul sarta nêja ngawula, lan angaturakên nagari ing Matawis. Panêmbahan sasampuning maos sêrat lajêng ngandika, Adisara, kowe tutura marang anakku Senapati, aku ora niyat mungsuh marang dhèwèke, para bupati akèh iku kang bakal mungsuh marang Senapati, aku lan sabalaku dhewe ora milu-milu, sêrèhning bêndaramu wis sumêja nungkul marang aku mêngkono, para bupati akèh iku ya dakbubarne, sênajan padha abakal mungsuh marang Senapati aja pakumpulan ing nagara kene. Panêmbahan inggih lajêng angutus santananipun, andikakakên andhawahi para bupati ambibarna barisipun, sarta amisuwurakên yèn Senapati sampun têluk. Para bupati lan sabalanipun wau inggih lajêng wontên ingkang bibar, wontên ingkang taksih kantun wontên ing ngriku. Wondene bok Adisara wau sarêng mirêng pangandikanipun Panêmbahan Madiun, sakalangkung suka manahipun sarta matur, gusti, abdi [a...]

--- 189 ---

[...bdi] sampeyan Senapati anyuwun kêkolohe pada sampeyan. Badhe dipun unjuk sarta kadamêl adus, supados andadosna kawilujêngan katêguhanipun. Akathah-kathah aturipun Bok Adisara wau gènipun amurih lunture sihipun panêmbahan dhatêng Senapati. Panêmbahan inggih lajêng anuruh padanipun ing toya, Adisara anadhahi ing bokor salaka, panêmbahan sarwi ngandika, Adisara, bêndaramu takpèk anak. Taksadulurake lan anakku loro, wadon siji, lanang siji, Adisara sakalangkung panuwunipun. Lajêng pamit mantuk dhatêng pasanggrahan. Senapati Ngalaga sarêng aningali Adisara taksih sae paèsipun, sakalangkung suka ing galihipun, lajêng andangu, Bok Adisara inggih matur ing wiwitan dumugi wêkasan, sarta matur yèn Panêmbahan Madiun darbe putra èstri, botên purun krama yèn botên wontên marasêpuh anyêmbah dhatêng mantunipun, sarta gadhah pêpanggil lading panyukur, Panêmbahan Senapati mirêng aturipun Bok Adisara sangêt suka ing galihipun. Sarta anggunggung dhatêng bok Adisara.

Ki Dipati Môndaraka ngandika dhatêng Senapati, thole, sarèhning kowe sumêja dadi ratu, amêngku ing tanah Jawa kabèh, bêcike kowe sebaa ing Sunan [Su...]

--- 190 ---

[...nan] Kalijaga ing Ngadilangu, anyuwuna kagungane rasukan, Kangjêng Kyai Gundhil atawa Kyai Ôntakusuma, dene caritane Kyai Gundhil mau mangkene, nalikane para wali padha angêdêgake masjid Dêmak, iku banjur padha dhikir ana sajroning masjid. Nuli ana buntêlan tiba saka ing dhuwur, kang kabênêr anduwèni Sunan Kalijaga, buntêlan mau barêng didêlêng rupa walulang wêdhus. Pasujudane Kangjêng Nabi Mukhammad. Sarta rupa jarit sal agême Kangjêng Rasul. Banjur digawe klambi marang Sunan Kalijaga. Sunan Bonang takon sababe digawe klambi, Sunan Kalijaga amangsuli, mulane digawe klambi, sabab bakal dadi panganggone para ratu kang angrèh ing tanah Jawa. Kang iku Senapati, yèn kulambi mau kosuwun diparingake, bakal andadekake pratôndha, yèn kowe bakal tulus dadi ratu ana ing Mataram, tumurun ing anak putumu, yèn ora diparingake, ya bakal ora tulus ênggonmu dadi ratu. Senapati Ngalaga sarêng mirêng pangandikane kang paman sakalangkung suka manahipun. Lajêng mangkat amung ambêkta rencang sawatawis sami kêkapalan sadaya, ikang têngga bêbarisan Ki Dipati Môndaraka. Sadhatêngipun ing Ngadilangu inggih sampun kêpanggih kalihan sang pandhita, Senapati matur nyuwun saratipun tiyang prang, sampun ngantos [nganto...]

--- 191 ---

[...s] kadhawahan mimis supados wiyanaa, sang pandhita inggih lajêng amaringi rasukan kang nama Kyai Gundhil utawi Ôntakusuma wau. Senapati inggih nuntên wangsul dhatêng bêbarisan malih.

Sarêng sanèsing dintên malih Senapati Ngalaga sumêrêp, yèn barisan ing Madiun salong bibar, ingkang taksih kantun sangêt weya, Senapati lajêng parentah anata balanipun kapara tiga, sumêja anggêbag bêbarisan Madiun, sampun sami jangji, ing wanci byar sampuna sami dumugi sawetan banawi, sarêng sampun sami samêkta, gêgaman agêng ing dalu lajêng sami nyabrang mangetan. Ing wanci byar sampun sami dumugi sabrang wetan. Lajêng sarêng umangsah ing prang, gumuruh swaraning surak. Sarta anitir bêndhe, sarwi ambêsmèni griya. Bala kang sami bêbarisan ing Madiun kagèt. Gugup ênggènipun nadhahi, lajêng prang rame, kathah kang sami pêjah. Senapati anitih kapal napas madu anama Puspakancana, sarta ngagêm rasukan Ôntakusuma, lajêng ngamuk kalihan waos. Bala bang wetan kathah kang pêjah, bala bang kilèn sakêdhik kang pêjah, lajêng dhadhal ing sapurug-purug. Sarêng wanci lingsir wetan titihanipun Senapati pêjah, amargi kataton. Nanging taksih kenging kadamêl prang, sarêng ing wanci lingsir kilèn Kyai Dipati Môndaraka sumêrêp sarta pitakèn. [pita...]

--- 192 ---

[...kèn.] Senapati, jaranmu iku wis mati, kok isih kotunggangi, kapal wau inggih lajêng rêbah, Senapati malumpat sarwi wicantên. Paman, sampeyan punika dahwèn. Kapal kula punika gènipun pêjah kala lingsir wetan. Sawêk ambruk sapuniki. Senapati lajêng ngandika prasapa, besuk saturunku aja ana kang nunggang jaran napas, manawa ora kaya aku, Senapati lajêng lampahipun sumêja lumêbêt kadhaton Madiun.

Kacariyos Panêmbahan Madiun sampun ingaturan uninga dhatêng balanipun, yèn Senapati anggêbag ing prang, ênggènipun ngaturi sêrat panungkul rumiyin kadamêl samudana kemawon. Balanipun para Bupati bang wetan tuwin bala Madiun sampun kathah kang pêjah, ingkang taksih sami gêsang sampun sami lumajêng sadaya, kantun tiyang salêbêting kadhaton punika, sajawining kadhaton sampun sami dipun jarah rayah dhatêng bala Matawis. Panêmbahan sarêng mirêng sakalangkung gêtun, sarwi ngandika, aku ora nyana yèn kaya mêngkene karêpe Senapati, dadi kêna dijênêngake Martawisa, marta lahire, batine wisa. Panêmbahan lajêng parentah dandos dhatêng garwa tuwin putranipun jalêr, sumêja kabêkta lolos. Nuntên ngandika dhatêng putranipun èstri kang nama Rêtna Jumilah, anakku ni putri, kowe [ko...]

--- 193 ---

[...we] kèria tunggu kadhatonmu, sabab wis lumrahe yèn wong kalah pêrang iku dirayah sabarang duweke, lan diboyong putrine, karo dene yèn kowe ora sumurup, mulane Senapati iku kapati-pati ambêdhah nagaraku, ya kowe kang dirêbut. Rêtna Jumilah sarêng mirêng dhawahipun ingkang rama, lajêng anangis sarta aniba ing siti botên emut. Ingkang ibu tuwin para abdi inggih tumut nangis sadaya. Panêmbahan ngandika dhatêng êmban tuwin inyanipun sang putri punapa dene abdi èstri ingkang badhe katilar, kowe padha kèria atunggu gustimu, ora-orane kowe nêmu pati, lan gustimu yèn mêngko wis eling, krisku wasiyat iki wèhêna, jênênge Si Gumarang. Dhuwung sampun katampèn dhatêng êmbanipun sang putri, panêmbahan lajêng bidhal. Garwa tuwin putranipun jalêr botên kantun. Lampahipun mangetan, sumêja dhatêng Wirasaba. Wondene sang putri ingkang katilar wau inggih sampun emut saking anggènipun kantaka, êmban angaturakên dhuwung, sang putri sarêng sampun nampèni dhuwung anyipta sarênga pêjah kalihan Senapati, sang putri nuntên dandos cara jalêr, angagêm dhuwung, anyothe pistul, anyanthing sarampang, lajêng lênggah satêngahing dalêm.

Senapati Ngalaga inggih sampun sumêrêp ing wartos. [war...]

--- 194 ---

[...tos.] Yèn Panêmbahan Madiun sampun atilar nagari, putranipun èstri katilar wontên kadhaton. Senapati sakalangkung suka manahipun. Enggal lumêbêt ing kadhaton. Sarêng dumugi palataraning dalêm, lajêng dipun pistul dhatêng sang putri, nuntên kasawat ing sarampang, Senapati kenging jajanipun botên pasah, eca anggènipun lumampah kemawon. Sang putri enggal narik dhuwungipun wasiyat, sarta wicantên. Yèn kowe ora pasah taksuduk kêrisku iki nyata yèn têguh. Senapati sarêng aningali sang putri angunus dhuwungipun wasiyat, ajrih anyêlaki, nuntên kèndêl jumênêng wontên korining dalêm. sarta wicantên angrêrêpa aminta sihipun sang putri, akathah-kathah wicantênipun Senapati wau, amurih sang putri asiha dhatêng piyambakipun. Sang rêtna sarêng mirêng lajêng ical dukanipun. Karaos ing galihipun. Sariranipun lêsu, lênggah sarwi mengo, panyêpêngipun dhuwung rêntah botên sumêrêp. panêmbahan enggal amurugi, dhuwung sampun kapêndhêt kawrangkakakên lajêng cinêngkêlit.sinêngkêlit. Senapati lênggah nyandhing sang putri sarwi angungrum dhatêng sang putri, sang rêtna wicantên, Senapati, pêpanggilku kèri siji, yèn kowe ora pasah dakprang ladingku panyukur iki, aku ya gêlêm kopotha-potha, Senapati inggih lajêng dipun prang, lading panyukur ngantos melot [me...]

--- 195 ---

[...lot] landhêpipun. Senapati botên pasah, sang putri enggal pinodhong dhatêng pasarean, andumugèkakên karsanipun. Sang putri wau sampun kapundhut garwa dhatêng Senapati, dhuwung wasiyatipun sang putri kaêlih nama Kyai Gupita.

Ing enjingipun Senapati miyos sinewaka ing balanipun, tuwin para bupati ingkang sami sampun kaêrèh inggih sowan sadaya, Dipati ing Pathi sumêrêp yèn Senapati amêndhêt garwa, sangêt sakite manahipun. Lajêng pamit mantuk asêngadi nagarinipun kadhatêngan mêngsah, dipun ampah botên kenging, amêksa mantuk, sampun bidhal. Sapêngkêripun Dipati Pathi Senapati ngandika dhatêng Ki Môndaraka, paman, yèn sampeyan botên sumêrêp, pun adhi ing Pathi badhe ambalik. Sumêja amêngsah ing kula, Ki Dipati Môndaraka sangêt anggènipun gêtun. Senapati Ngalaga lajêng bidhal sabalanipun. Sumêja ambêdhah ing Pasuruan. Garwanipun putri ing Madiun inggih binêkta, lampahipun sampun dumugi watêse nagari Pasuruan. Lajêng masanggrahan wontên ing ngriku.

Kacariyos Dipati Pasuruan sampun mirêng pawartos. Yèn nagarinipun badhe kabêdhah dhatêng Senapati, Dipati Pasuruan sangêt ajrih, sumêja nungkul kemawon. Sampun acawis rajabrana, badhe kaaturakên [kaatur...]

--- 196 ---

[...akên] kang minôngka pratôndha ing panungkulipun.

Anuntên wontên kalerehanipun bupati satunggil, anama Kanitèn. Punika sagah amêthukakên prangipun Senapati, atandhing sami ijèn. Inggih sampun dipun kèn mangkat dhatêng Dipati Pasuruan. Ki Kanitèn inggih lajêng mangkat, ingiring bala sawêtawis. Wondene Senapati inggih sampun sumêrêp, yèn wontên tiyang kang badhe mêthukakên prangipun. Senapati nuntên bidhal saking pasanggrahan, angagêm busana sarwa wulung sarta numpak kapal. Amung ambêkta bala kawan dasa, inggih sami ngangge sarwa wulung, asikêp waos sadaya. Wontên ing margi nuntên kêpêthuk kalihan Ki Kanitèn. Sarta dipun takèni, wangsulanipun Senapati, angakên lurah prajurit numbak cêmêng abdinipun Senapati, kautus amêthukakên prangipun Ki Kanitèn. Ki Kanitèn inggih pitados kemawon. Lajêng sami prang ijèn sarta numpak kapal. Balanipun sami nyuraki kemawon. Dangu anggènipun sami prang waos. Senapati nuntên andêdonga ing Allah, supados sagêda angawonakên pêrangipun Ki Kanitèn. Senapati nuntên amaos. Ki Kanitèn kenging gandhunipun botên pasah nanging lajêng dhawah saking kapal. Sarta lajêng kumpuh,lumpuh. karosanipun ical. Ki Kanitèn nuntên dipun tumpakakên [tumpa...]

--- 197 ---

[...kakên] kapal èstri lêlagaran pincang kêndhangsulipun dhadhung, kaantukakên dhatêng kitha Pasuruan. Ingiringakên tiyang kawan dasa wau, Senapati wangsul dhatêng pasanggrahanipun. Wondene Ki Kanitèn inggih sampun dhatêng ngarsanipun sang Dipati Pasuruan. Matur yèn sampun kawon prangipun kalihan lurah numbak cêmêng ing Matawis. Sang Dipati Pasuruan ngandika, yèn kowe ora sumurup. Baturmu prang mau ya ika Senapati, Ki Kanitèn matur malih, upami yèn kula wau sumêrapa, kang prang kalihan kula punika Senapati, amêsthi kula botên purun mantuk. Kula pilalah pêjah. Sang dipati mirêng atur mêkatên lajêng duka, Ki Kanitèn andikakakên madung gulunipun. Wadungipun ngantos tugêl. Ki Kanitèn botên pasah, lajêng dipun soki worworan timah cangkêmipun, Ki Kanitèn sampun pêjah.

Sang dipati nuntên angganjar dhatêng tiyang kawan dasa abdinipun Senapati wau, sarta anglampahakên utusan angaturakên panungkul rajabrana warni-warni, lan angaturakên nagari ing Pasuruan. Utusan inggih lajêng mangkat. Sampun kêpanggih kalihan Senapati, sarta angaturakên bêbêktanipun sadaya. Senapati sakalangkung suka ing galihipun, sarta ngandika, kongkonan, matura marang gustimu, aku banjur mulih marang

--- 198 ---

Mataram. Gustimu têtêpa ana nagarane bae, dene yèn ana parentahe para bupati ing bang wetan kene, ya dituruta bae, aja ambêngkalahi. Senapati lan sabalanipun lajêng bidhal kondur dhatêng ing Matawis.

Kacariyos tiyang kang sami kawon prang kalihan Senapati wau, kathah kang sami ngungsi dhatêng Surabaya, punapa dene putranipun jalêr Panêmbahan Madiun kang nama Mas Calonthang, inggih angungsi dhatêng Surabaya, sampun kapundhut mantu dhatêng Pangeran Surabaya, lajêng kadadosakên bupati wontên ing Japan. Ing Wirasaba inggih katanêman bupati, anama Rôngga Pramana, dene ing Kadhiri ingkang dados bupati anama Pangeran Mas. Gadhah sadhèrèk sakawan. Satunggil nama Senapati ing Kadhiri, kalih Saradipa, tiga Kenthol Jajanggu, sakawan nama Kartimasa. Ing sasedanipun Pangeran Mas wau lajêng dipun tanêmi bupati saking Pangeran Surabaya, anama Ratu Jalu. Senapati ing Kadhiri lan sasêdhèrèkipun sami sakit manahipun. Lajêng anglampahakên utusan sarta mawi sêrat dhatêng ing Matawis, sumêja têluk sarta angabdi dhatêng Panêmbahan Senapati ing Matawis. Ingkang dipun utus anama Nayakarti, sêrat sampun kaaturakên ing Panêmbahan. Lajêng winaos. Panêmbahan Senapati,

--- 199 ---

sasampuning maos sêrat sangêt suka ing galihipun. Lajêng ngandika dhatêng Pangeran Wiramênggala, Wiramênggala, sira mênyanga ing Kadhiri, amapaga Si Senapati, sira sun kanthèni Si Tumênggung Alap-alap, lan mantri pamajêgan. Sarta Bupati Pajang, ing Dêmak. Jagaraga lan sabalane kabèh, Si Tumênggung Alap-alap dadia kamituwaning laku andhèrèka ing sira, kongkonan ing Kadhiri iku sira anggawaagawaa. barêng, manawa Senapati Kadhiri wis kumpul lan sira, nuli gawanên mulih marang Mataram. Si Tumênggung Alap-alap lan Bupati Dêmak, ing Pajang sira kon abacuk ambêdhah ing Ngrawa. Pangeran Wiramênggala lan ingkang sami kadhawahan wau sadaya aturipun sandika, lajêng sami mangkat. Sampun dumugi ing Kadhiri, amasanggrahan ing dhusun Pakuncèn sakilèning kitha Kadhiri.

Wondene Bupati ing Kadhiri kang nama Ratu Jalu inggih sampun amêpak bala, sumêja mêthuk ing prang, sarêng ing wanci dalu, Senapati Kadhiri lan sasadhèrèkipun tuwin putra garwanipun lajêng sami lolos sakulawangsanipun antawis tiyang kalih atus. Sumêja kumpul kalihan tiyang Mataram. Sarêng Ratu Jalu sumêrêp nuntên dipun tututi, sumêja katumpês. Kacandhak wontên ing Krakal. Lajêng sami prang, bala Matawis enggal anulungi, arame prangipun namung sakêdhap. Balanipun Ratu [Ra...]

--- 200 ---

[...tu] Jalu kêplajêng, lajêng tutup lawanging biting, tiyang Matawis botên anututi, putranipun mantu Senapati Kadhiri, anama Mas Balimbing kataton. Wondene Pangeran Wiramênggala inggih lajêng bidhal sumêja kondur, sarta ambêkta senapati, kèndêl wontên ing Jagaraga. Ki Tumênggung Alap-Alap lajêng dhatêng Ngrawa, ing Ngrawa inggih sampun bêdhah, èstrinipun binoyongan. Rajabrana tuwin rajakaya jinarahan. Ki Tumênggung Alap-alap nuntên bidhal dhatêng Jagaraga, sampun kumpul kalihan Pangeran Wiramênggala, lajêng bidhal dhatêng ing Matawis. Jarahan tuwin boyongan punapa dene senapati ing Kadhiri lan sakulawangsanipun inggih sampun katur ing Panêmbahan Senapati, senapati ing Kadhiri sampun pinaringan padalêman sasadhèrèkipun sadaya, sarta sami ginanjar busana kang sae-sae. Senapati Kadhiri wau pinundhut putra pambajêng dhatêng Panêmbahan, sarta sakalangkung dipun sihi, sampun pinaringan lêlênggah siti dhusun kalih bêlah èwu karya, sadhèrèkipun inggih sami dipun paringi siti dhusun sapantêsipun.

Kala samantên Panêmbahan arsa adamêl pagêr banon kitha, ingkang dipun angge banon abrit lan banon pêthak. Ingkang anjênêngi nyambut damêl senapati Kadhiri, botên lami nuntên dados kutha bacingah, sakalangkung [saka...]

--- 201 ---

[...langkung] prayogi, sinêngkalan 1509. Panêmbahan ngandika dhatêng Senapati, yagenea kutha iki ora sira dokoki lompongan pirantining bêdhil. Aturipun senapati Kadhiri, bilih wontên mêngsah dhatêng, sumêja kula pêthukakên sajawining nagari Matawis. Sampun ngantos mriki. Panêmbahan ngandika malih, ingsun ngrungu wirayat. Yèn ing Mataram iki besuk bakal rinusak marang wong bang wetan. Wong Mataram bakal kalah prange, iku sira apa ngrungu wirayat mêngkono, senapati matur, yèn taksih gêsang kula, kados botên badhe kêlampahan. Sabab kula ingkang sagah numpês tiyang bang wetan. Panêmbahan sakalangkung suka galihipun.

Kacariyos para bupati bang wetan sami kaklêmpakan wontên ing Madiun. Sumêja ambêdhah ing Matawis. Ingkang dados pangagênging bupati anama Dipati Gêndhing kalih Dipati Pasagi, anuntên sami mangkat. Lampahing gêgaman dados kêkalih, Dipati Gêndhing nindhihi gêgaman sapalih, lampahipun mêdal salère rêdi Lawu, Dipati Pasagi sarta gêgaman sapalih mêdal sakiduling rêdi Lawu, sakalangkung agêng gêgamanipun. Wondene Panêmbahan Senapati inggih sampun ingaturan uninga dhatêng têlikipun, yèn bupati môncanagara bang wetan sumêja ambêdhah ing Matawis. [Matawi...]

--- 202 ---

[...s.] Lampahing gêgaman maju ro. Panêmbahan lajêng amêpak bala, para putra santana tuwin para bupati Matawis sampun sami pêpak. Senapati Kadhiri nyuwun dados têtindhihing prang, Panêmbahan sampun ngantos têdhak piyambak. Panêmbahan inggih anuruti, gêgaman agêng sampun budhal. Têtindhihipun senapati Kadhiri, sarêng dumugi ing Taji gêgaman kapalih, Pangeran Purbaya angirit gêgaman sapalih, badhe amêthukakên mêngsah kang saking lèr, senapati Kadhiri angirid gêgaman kang sapalih, badhe amêthukakên mêngsah kang saking kidul. Anjog ing dhusun Ngutêr. Anuntên sarêng mangkat. Sampun sami kêpêthuk kalihan mêngsah, lajêng sami prang rame, bala bang wetan kathah kang pêjah, bala Matawis amung sakêdhik kang pêjah, senapati Kadhiri prang ijèn kalihan pamanipun kang nama Dipati Pasagi wau, awit sampun lami anggènipun sêsatron. Kalih-kalihipun sarêng pêjah sampyuh, para santana Matawis sarêng sumêrêp enggal sami ngamuk. Tiyang bang wetan kathah kang pêjah, lajêng dhadhal larut sadaya. Têtiyang Matawis sami ambêbandhang, nuntên bidhal mantuk. Sarta ambêkta jisimipun senapati, lan angrumiyinakên utusan angaturi uninga ing Panêmbahan, yèn senapati pêjah. Panêmbahan sangêt ngungun. Jisimipun senapati andikakakên mêtak ing dhusun Wêdhi, bala Matawis sampun [sa...]

--- 203 ---

[...mpun] sami mantuk dhatêng ing Matawis. Panêmbahan lajêng anggêganjar ing balanipun sadaya kang sami mênang prang. Wondene adhinipun senapati kang nama Saradipa lajêng kaangkat dados bupati anama Martalaya, Ki Jajanggu kaangkat nama Dipati Supônta, Ki Kartimasa kaangkat nama Saradipa, Ki Mas Sari kadadosakên Dipati Dêmak. Utawi sanèsipun kang sami jinunjung lênggah.

Kacariyos bupati ing Pathi sumêja balela badhe amêngsah ing Matawis. Dipun ampah dhatêng para santananipun botên kenging, lajêng utusan dhatêng Matawis, anyuwun ngêrèh siti dhusun salère rêdi Kêndhêng sadaya, sarta anyuwun waos salandheyanipun, kathahipun satus. Utusan inggih sampun mangkat. Sampun kêpanggih kalihan Panêmbahan. Sarta angaturakên ing panyuwunipun ingkang rayi. Panêmbahan inggih lajêng amaringakên siti dhusun salère rêdi Kêndhêng sadaya, wondene waos inggih kaparingakên. Ananging waos kemawon, botên mawi landheyan. Utusan lajêng mantuk. Ing sapungkuring utusan, Panêmbahan ngandika wêwartos dhatêng Dipati Môndaraka, yèn dipati ing Pathi badhe ambalik. Ki Dipati Môndaraka sakalangkung ngungun. Wondene utusan ing Pathi wau inggih sampun matur dhatêng sang dipati lajêng parentah ambêbahak anêlukakên tiyang siti dhusun salère rêdi Kêndhêng, [Kê...]

--- 204 ---

[...ndhêng,] sadaya inggih sampun sami nungkul. Amung nagari Dêmak ingkang bôangga, amapag prang muwêr salêbêting biting.

Adipati Pragola ing Pathi sarêng sampun kathah balanipun lajêng bidhal. Anglurug dhatêng Matawis, lan sabalanipun. Lampahing gêgaman sakalangkung rêsah, samargi-margi tansah anjarah ambêboyong, Adipati Pajang enggal ngaturi uninga dhatêng ing Matawis, yèn Dipati Pathi sumêja ambêdhah ing Matawis. Panêmbahan sarêng mirêng aturipun Dipati Pajang lajêng ngandika dhatêng putranipun ingkang nama Pangeran Dipati Anom. Thole, kowe mangkata lan wong Mataram kabèh, amapagna pamanmu ing Pathi, nanging aja kolawani prang, elingna bae, ewadene yèn mêksa lali iya ladenana, tumbakku iki ênggonên. Dipati Môndaraka sumambung, kapriye dene anakmu bae kang kokongkon mapag prang, takkira ora kêlar anadhahi prange Dipati Pathi. Panêmbahan amangsuli, paman, mila wayah sampeyan kemawon kang kula kèn mêthukakên. Pun adhi ing Pathi kula purih èngêta, lan môngsa kolua amêngsah prang kalihan anak kula. Ki Dipati Môndaraka inggih lajêng kèndêl. Pangeran dipati wau nuntên bidhal lan sabalanipun, kèndêl wontên ing Prambanan.

Wondene gêgaman agêng ing Pathi sampun dumugi ing Kêmalon. Arêrêb wontên ing ngriku, sarêng enjingipun [e...]

--- 205 ---

[...njingipun] lajêng bidhal majêng, pangeran dipati ing Matawis inggih nuntên bidhal. Amung ambêkta bala kang angampil upacara kemawon. Balanipun ingkang kathah sami katilar wontên ing Prambanan. Botên dangu nuntên kêpêthuk gêgaman ing Pathi, Sang Dipati Pathi kagèt aningali wontên priyantun amêthukakên lampahipun amung kairing ing upacara, dangu-dangu sang dipati botên pandung yèn ingkang putra kapenakan. Sang dipati sangêt kanggêg galihipun, sarta lingsêm. Enggal amurugi taksih numpak kapal sarta pitakèn, thole, bapakmu ana ngêndi, lan kowe mrene iku gawemu apa. Pangeran dipati matur taksih numpak kapal. Raka jêngandika taksih wontên ing wingking, kula dipun utus matur dhatêng sampeyan. Mênggah êggèn sampeyan badhe dhatêng Matawis punika damêlipun punapa, yèn badhe ngrêbat nagari ing Matawis punika tiyang kagungan sampeyan piyambak, sami ugi lan ing Pathi, sampeyan andikakakên wangsul kemawon. Sang Dipati Pragola ngandika sarta malengos. Aku wong wis sumurup watêke bapakmu iku, mung sok ngenaki ati bae, saiki kowe balia, bapakmu konên mrene, anêmonana aku padha tuwa. Pangeran dipati matur, bilih sampeyan botên karsa wangsul, sarta botên karsa èngêt anggèn sampeyan gadhah sadhèrèk [sa...]

--- 206 ---

[...dhèrèk] dhatêng kangjêng rama, kula andikakakên angladosi ing sakarsa sampeyan. Sang dipati sarêng mirêng sangêt duka, sarta wicantên. Bapakmu iku bangêt ênggone mêjanani marang aku, kowe dudu tandhingku prang, kang dakancam-ancam bapakmu, bakal dakjak ngadu karosan sarta katêguhan. Kowe môngsa kêlara anadhahi prangku, kêbat balia bae, ngundanga bapakmu. Pangeran dipati mirêng wicantên sakalangkung duka, ingkang paman lajêng dipun tumbak. Sang dipati sangêt anjola, nanging botên pasah, sarta wicantên. Kowe iki bocah ora kêna digawe bêcik. Wis dikêbat balia, bapakmu bae konên mrene, pangeran dipati mêksa numbaki, sang dipati kraos sakit, nanging botên pasah, enggal nyandhak tumbak. Ingkang putra dipun buntar kenging jajanipun, aniba saking kapal karungkêb ing siti botên emut. Nuntên karêbat dhatêng balanipun, kabêkta dhatêng pasanggrahan Prambanan. Sarta sami ngaturi uninga dhatêng Panêmbahan. Dene sang dipati ing Pathi inggih lajêng kèndêl lan sabalanipun wontên ing ngriku cakêt lèpèn Dêngkèng sarta abêbiting, kang dipun damêl galugu. Panêmbahan Senapati sarêng dipun aturi uninga yèn ingkang putra katèmpêr, sangêt anggènipun kagèt. Lajêng angandika dhatêng garwanipun kang saking Pathi, bakyunipun dening Sang Dipati Pathi, nimas,

--- 207 ---

adhimu wis lali têmênan. Pratandhane dene kolu anumbak kaponakane. Ingkang garwa matur, yèn mêngkatên kula inggih sampun lila pêjahipun rayi sampeyan, sabab sampun awon.

Panêmbahan lajêng dandos. Sarêng sampun samêkta nuntên bidhalan bala kêkapal sadaya, lampahipun asêsandêran. Dumuginipun ing pasanggrahan Prambanan sampun dalu. Panêmbahan kèndêl sakêdhap anata bala, sarêng sampun tata lajêng bidhal wanci lingsir dalu, Ki Dipati Môndaraka botên kantun. Lampahing baris sampun cakêt lan bitingipun dipati, bala Matawis sami surak, bêndhe Kyai Bicak tinabuh, swaranipun angungkung, bala ing Pathi gègèr sami lumajêng ing sapurug-purug. Panêmbahan badhe lumêbêt ing biting botên pinanggih marginipun. Ki Dipati Môndaraka enggal anarik dhuwungipun. Anama Kyai Culik. Lajêng kapancasakên ing bètèng galugu, rantas têtiga, Kyai Môndaraka adêdah margi dhatêng ingkang putra, Panêmbahan enggal lumêbêt sakapalipun sarta bala ing Matawis. Lajêng sami ngamuk. Bala ing Pathi botên wontên kang sagêd malês. Kathah ingkang pêjah, Sang Dipati Pathi sarta balanipun kang taksih gêsang sami lumajêng atilar biting, kasarêngan lèpèn Dêngkèng banjir ladhu, bala ing Pathi sami ambyur, kathah kang pêjah dening toya, palajêngipun sang dipati [di...]

--- 208 ---

[...pati] lan sabalanipun sumêja mantuk dhatêng ing Pathi, Panêmbahan lan sabalanipun anglud. Sang dipati sarêng dumugi ing nagarinipun, enggal utusan anêdha bantu dhatêng para bupati kang cêlak-cêlak ing Pathi, para bupati wau inggih sami ambantoni prajurit. Lajêng sami tata baris wontên ing Pathi. Panêmbahan inggih nuntên dhatêng lan sabalanipun, lajêng prang, tiyang ing Pathi kawon. Kathah kang pêjah, sami lumajêng ambyur ing lèpèn banjir, kathah kang pêjah dening toya, sang dipati ing Pathi botên kantênan pêjah tuwin gêsangipun. Bala Matawis sami angrêrayah, sarta ambêboyongi, bêdhahing Pathi sinêngkalan 1551. Panêmbahan nuntên kondur dhatêng Matawis lan sabalanipun.

Kala samantên Panêmbahan Senapati sampun tulus anggènipun jumênêng ratu, nagari Matawis sakalangkung gêmah raharja, Ki Dipati Môndaraka matur, Panêmbahan dipun aturi anggêbag nagari bang wetan kang dèrèng nungkul. Wangsulanipun Panêmbahan, paman, sapunika dèrèng mangsanipun. Benjing putu kula kang anêlukakên tiyang tanah Jawi sadaya, jumênêng ratu agêng tanpa timbang, kula punika amung abêbadhe kemawon, kalih dene benjing yèn kula sampun tinêkakakên ing jaji,jangji. kang kula lilani anggêntosi kula jumênêng ratu ing Matawis, anak kula pun Jolang, sanajan anèm. [anè...]

--- 209 ---

[...m.] Sabab badhe anurunakên, wiji anak-anak kula sadaya, bilih wontên kang botên angestokakên ing wêwêling kula punika, sami kenginga bêbênduning Allah, sampeyan sarta pun adhi Mangkubumi ingkang sami anjumênêngêna ratu ing wayah sampeyan. Ki Dipati Môndaraka matur sandika. Kala samantên Panêmbahan Senapati anggènipun jumênêng ratu sampun tigang taun. Panêmbahan lajêng gêrah sangêt andadosakên sedanipun. Kasarèkakên sakilèning masjid, ing dagane kang rama, sinêngkalan 1552.

Sarêng ing dintên Soma Ki Dipati Môndaraka sarta Pangeran Mangkubumi miyos dhatêng ing sitinggil. Anganthi Pangeran Dipati Anom. Pangeran dipati kalênggahakên ing dhampar mas. Dipati Môndaraka lan Pangeran Mangkubumi angapit kiwa têngên. Pangeran Mangkubumi jumênêng sarta ngandika sêru, sarupane wong Mataram kabèh sira padha anêksenana, yèn pangeran dipati samêngko jumênêng sultan. Anggêntèni ingkang rama, manawa ana wong kang masgul atine sarta ora ngestokake, padha têkakna budimu ing saiki, aku mungsuhe prang. Tiyang ing Mataram sadaya saurpêksi jumurung, para santana tuwin bupati mantri lajêng sami ngabêkti ing sang prabu, sang nata nuntên kondur angadhaton.

Kacariyos salaminipun jumênêng sang prabu anyar wau,

--- 210 ---

nagarinipun gêmah raharja, ajêg adil ukumipun, kukuh ing agaminipun. Kala samantên sang nata parentah dhatêng balanipun, andikakakên andamêlakên patamanan ing Danalaya, prênah sakilèning kadhaton. Karsanipun sang prabu badhe kadamêl panggenan kalangênanipun panakawan tiyang bule satunggil anama Juru Taman. Sabab angrêsahi ing kadhaton. Asring amindha warninipun sang prabu, para garwa sêliripun sang nata kathah kang sami kalintu, dipun nyana sang prabu, salaminipun makatên pratingkahipun Juru Taman, bala ing Matawis sadaya inggih lajêng sami anggarap taman. Botên lami tumuntên dados. Pun Juru Taman wau inggih sampun kaprênahakên ing ngriku.

Sang nata nuju ing dintên Rêspati miyos sinewaka, para santana tuwin mantri bupati pêpak sami sowan sadaya, amung ingkang raka sang prabu, kang nama Pangeran Pugêr botên sowan. Sabab isin bilih sowan alênggah ing ngandhap. Karsanipun adarbea cangkok nagari piyambak. Nanging botên purun agadhah panyuwun dhatêng ingkang rayi. Sang prabu sadangunipun sineba aningali ingkang raka botên sowan, lajêng ngandika dhatêng Ki Dipati Môndaraka, eyang, kadospundi rêmbag sampeyan prakawis Kangmas Pugêr, punika pamanah kula sangêt pakèwêdipun yèn taksiha wontên ing

--- 211 ---

Matawis ngriki, ingkang dados pikajêngan kula, badhe kula dadosakên bupati wontên ing Dêmak. Ki Dipati Môndaraka tuwin para santana sadaya inggih sami amrayogèkakên ing karsanipun sang prabu, malih dadosa tampingipun nagari Matawis. Sang nata lajêng utusan angaturi ingkang raka Pangeran Pugêr, Pangeran Pugêr inggih enggal dhatêng, lajêng ingaturan lênggah jèjèr kalihan ingkang rayi, sang nata angandika, kangmas, sampeyan kula dadosakên bupati wontên ing Dêmak. Amuktia wontên ing ngriku, dadosa tamping rumêksa nagari Matawis. Pangeran Pugêr matur nuwun. Sang nata lajêng kondur angadhaton. Ing enjingipun Pangeran Pugêr nuntên mangkat. Lan saputragarwanipun boyong dhatêng ing Dêmak, tiyang ing Dêmak suyud sadaya. Pangeran Pugêr sampun mukti sangêt. Sarêng ing lami-lami Pangera Pugêr wau supe yèn kalèrèh dhatêng ingkang rayi sang prabu, sumêja balela, arêbat waris ing karaton. Awit kenging pambangusipun kalerehanipun bupati, kang nama Dipati Gêndhing, kaaturan jumênêng nata, sabab putra sêpuh piyambak. Sampun wajib anggêntosi ingkang rama jumênêng ratu. Pangeran Pugêr wau inggih lajêng amiturut. Nuntên andhawahakên parentah dhatêng balanipun. Andikakakên

--- 212 ---

ngirup tanah salère rêdi Kêndhêng sadaya. Pangeran Pugêr sampun kathah balanipun. Ing sabên dintên tansah tata gêgamaning prang sumêja ambêdhah nagari Matawis. Ingkang minôngka andêl-andêlipun anama Dipati Gêndhing kalih Dipati Panjêr. Sarêng sampun samêkta lajêng bidhal. Gêgaman sakalangkung agêng, Pangeran Pugêr anindhihi piyambak. Ing samargi-margi tansah angrayah sarta ambêboyong.

Adipati ing Pajang sarêng mirêng pawartos, enggal angaturi uninga dhatêng ing Matawis. Sang prabu pinuju miyos sinewaka, Adipati Pajang matur, yèn ingkang raka ing Dêmak samangke balela, sumêja anggêcak ing Matawis. Sampun apacak baris wontên ing dhusun Tambakuwos. Sang prabu sarêng mirêng sakalangkung ngungun. Nuntên angundhangi bala, angrakit gêgamaning prang, sang nata badhe tindak piyambak. Ingkang sami kadhawahan matur sandika, sang prabu lajêng angangkat nama ingkang rayi kêkalih, Radèn Tambaga kaangkat nama Pangeran Pugêr, Radèn Kadawung kaangkat nama Pangeran Dêmang Tanpanangkil. Sang nata lajêng kondur angadhaton. Sasampuning samêkta sang prabu lajêng bidhal lan sabala sadaya, lampahing gêgaman sampun dumugi ing Tambakuwos, ajêngan kalihan tiyang Dêmak, sarêng enjingipun lajêng têmpuh prang rame, bala ing Dêmak karoban, kathah kang pêjah, [pê...]

--- 213 ---

[...jah,] Dipati Gêndhing tuwin Dipati Panjêr sampun pêjah, Pangeran Pugêr ing Dêmak sampun kacêpêng wontên satêngahing paprangan. Lajêng binêsta katumpakakên ing tandhu, bala ing Dêmak kang taksih gêsang sampun larud lumajêng sadaya. Bala Matawis sami matur ing sang prabu, yèn ingkang raka sampun kacêpêng, timbalanipun sang nata, ingkang raka wau andikakakên mêrnahake ing Kudus, lan sagarwaputranipun. Sampun ngantos kasukanan rencang, ingkang kadhawuhan matur sandika, Pangeran Pugêr wau sampun kadèkèkakên ing Kudus, sakalangkung mêmêlas.

Wondene sang nata inggih sampun kondur dhatêng Matawis, sarta anggêganjar dhatêng balanipun. Lan anjunjung lênggahing kang abdi lurah ganjur, kang nama Ki Gada Mastaka, kadadosakên bupati wontên ing Dêmak, kaparingan nama Tumênggung Endranata. Ingkang rayi sang prabu, kang nama Pangeran Jayaraga, katanêm Bupati ing Panaraga sarta angrèh Bupati sakawan. Pangeran Jayaraga, katanêm bupati ing Panaraga sarta angrèh bupati sakawan. Pangeran Jayaraga sampun mukti wontên ing ngriku, kalerehanipun bupati sakawan wau anama Pangeran Rôngga, kalih Panji Wirabumi, tiga Malang Sumirang, sakawan Nayaita. Sarêng lami-lami Pangeran Jayaraga wau kalimput ing kamuktèn. Sumêja jumênêng nata, badhe angrêbat karaton ing Matawis. Dipun pêpalangi karsanipun dhatêng

--- 214 ---

bupati sakawan botên kenging, bupati sakawan wau sampun sami rêmbag angaturi uninga dhatêng ing Matawis. Lajêng sami mangkat. Abdinipun Pangeran Jayaraga para lurah sarêng sumêrêp yèn bupati sakawan sami dhatêng ing Matawis sangêt ing kajrihanipun. Para lurah enggal sami nusul dhatêng Matawis. Sadhatêngipun ing Matawis sang prabu pinuju miyos sinewaka, Pangeran Rôngga lan sakancanipun lajêng sami pepe sakidule waringin kurung, sang nata kagèt aningali, enggal utusan amariksa, Pangeran Rôngga lan sakancanipun matur balaka, yèn ingkang rayi sumêja balela, sang nata sarêng mirêng atur makatên sakalangkung duka, lajêng ngandika dhatêng ingkang rayi nama Pangeran Pringgalaya, adhi mas, sira mênyanga ing Panaraga, lan Si Martalaya, kakangira Pangeran Jayaraga tundhungên saking Panaraga lan saanakbojone, dokokna ing Masjid Watu, sabarang duwèke jarahana, mênawa ana bature kang bôngga padha patenana, dene Pangeran Rôngga iku lan sakancane gawanên bali marang Panaraga. Pangeran Pringgalaya lan Tumênggung Martalaya matur sandika, lajêng mangkat sabalanipun. Tuwin Pangeran Rôngga wau inggih tumut. Lampahipun sampun dumugi ing Panaraga, sampun kêpanggih kalihan Pangeran Jayaraga, Pangeran Jayaraga sarêng kadhawuhan timbalan dalêm [dalê...]

--- 215 ---

[...m] aturipun sandika, sarta sangêt kaduwungipun. Angraos yèn kalêpatan. Anuntên pradandosan. Lajêng dipun angkatakên dhatêng ing masjid watu, dene Pangeran Pringgalaya lan sabalanipun inggih sampun bidhal kondur dhatêng ing Matawis sarta ambêkta jarahan. Pangeran Rôngga lan sakancanipun inggih tumut wangsul dhatêng ing Matawis malih, sadhatêngipun ing Matawis sampun katur ing sang prabu, yèn ingkang rayi sampun kakesahan dhatêng ing masjid watu, botên kabêktanan rencang, amung lan garwa putranipun. Sabarang darbèkipun sampun katur sadaya, sang prabu sakalangkung suka, lajêng ngandika dhatêng Pangeran Rôngga, Pangeran Rôngga, sira muliha marang Panaraga lan sakancanira kabèh, nagara Panaraga tatanên kang bêcik. Pangeran Rôngga matur sakalangkung nuwun. Nuntên mangkat mantuk dhatêng Panaraga. Sang nata ngandika malih dhatêng para santana tuwin para bupati, bocah ingsun kabèh, apa dene sanak-sanak ingsun, sira padha sumurupa, wêwalêre kangjêng rama swargi, sanak-sanak ingsun kabèh andikakake padha atut. Sapa kang ora ngestokake, amêsthi padha ora nêmu salamêt, samêngko wis ana kanyataane, Kangmas Pugêr karo si adhi Jayaraga, karo-karone padha anêmu papa, sang nata lajêng kondur angadhaton.

Kala samantên sang nata sampun pêputra gangsal. Pambajêngipun [Pamba...]

--- 216 ---

[...jêngipun] anama Mas Rangsang, kalih èstri anama Ratu Pandhan, tiga Dèn Mas Pamênang, sakawan Radèn Mas Martapura, agadhah sakit ewah nanging mêmangsan. Wuragilipun anama Dèn Mas Cakra. Dene Pangeran Mangkubumi inggih sampun pêputra kêkalih, ingkang pambajêng sampun dados bupati, anama Dipati Sokawati, ingkang rayi anama Bagus Pethak. Dados bupati ing Madiun. Pangeran Singasari putranipun satunggil anama Pangeran Balitar, Pangeran Pringgalaya putranipun kathah nanging ingkang kacariyos amung kêkalih, satunggil anama Radèn Prawirataruna, kalih anama Dipati Martasana. Adipati Môndaraka putranipun sakawan. Pambajêngipun anama Pangeran Mandura, kalih Dipati Wirapraba, tiga anama Panêmbahan Jurukithing, wuragilipun èstri krama angsal dipati ing Batang, Pangeran Mandura wau sampun pêputra kêkalih, anama Pangeran Mandurarêja, kalih anama Pangeran Upasônta.

Kacariyos sang nata anggènipun jumênêng ratu sampun kalih wêlas taun. Kala samantên gêrah sangêt. Pinuju wontên ing Krapyak, ingadhêp para putra tuwin santana, sang prabu angandika dhatêng kang eyang Dipati Môndaraka, lan dhatêng kang raka Pangeran Purbaya, eyang, ki mas, benjing ing sapêngkêr kula ingkang kula lilani jumênêng

--- 217 ---

ratu anggêntosi ing kula, buyut sampeyan Dèn Mas Rangsang, karatonipun punjul angungkuli kula, tiyang ing tanah Jawi badhe sumuyud sadaya, ananging sarèhning kala rumiyin kula gadhah kêkudangan, pun Martapura kula kudang jumênêng nata, punika mugi sampeyan jumênêngakên ratu sakêdhap, minôngka isarat angluwari kêkudangan. Tumuntên sèlèha karaton dhatêng pun Rangsang, sang nata lajêng ngandika dhatêng para putra tuwin santana, sanak-sanakku kabèh, dibêcik sarta diatut ênggone padha saduluran. Sapa kang miwiti ala muga aja nêmu slamêt. Wis padha dibêcik kèri. Sang nata sampun seda, tangis gumêrah, layon sampun karêsikan. Lajêng kasarèkakên sakilèning masjid. Ing dagane kang rama tuwin kang eyang, sinêngkalan 1565.

Radèn Martapura lajêng kajumênêngakên nata dhatêng Ki Dipati Môndaraka tuwin Pangeran Purbaya, sarêng ing dintên Soma sang nata dipun aturi miyos sinewaka, Sang Prabu Martapura inggih lajêng miyos sinewaka, pinarak ing dhampar mas. Ki Dipati Môndaraka sarta Pangeran Purbaya angapit kiwa têngên. Ki Dipati Môndaraka abisik-bisik dhatêng sang prabu, kinèn lumungsur, apasraha karaton dhatêng Dèn Mas Rangsang saking wêwêlingipun ingkang rama swargi, Sang Prabu Martapura inggih enggal

--- 218 ---

lumungsur, ingkang raka Dèn Mas Rangsang kaaturan lênggah ing dhampar. Pangeran Purbaya angandika sora, hèh sarupane wong Mataram, sira padha nêksènana, yèn Radèn Mas Rangsang jumênêng nata anggêntèni ingkang rama, ajêjuluk Kangjêng Sultan Agung, Senapati Ing Ngalaga Ngandurahman. Sapa wong Mataram kang ora ngestokake utawa masgul, ing saiki têkakna ing kaniyatane, aku mungsuhe prang. Sakathahe bala Matawis sami saurpêksi jumurung sadaya, sang prabu anyar lajêng kondur angadhaton.

Kacariyos kala panjênênganipun sang prabu punika, nagari Matawis sakalangkung gêmah raharja, misuwur yèn ratu agêng ambêk adil paramarta, angungkuli kang rama swargi, balanipun sami ajrih asih, dene jêjulukipun Kangjêng sultan Agung Prabu Pandhita Anyakrakusuma, sarta misuwur yèn sakalangkung sêkti, ing sabên dintên Jumungah sang prabu asring sêmbahyang dhatêng ing Mêkah. Dene Ki Dipati Môndaraka apanjang umuripun. Ngantos mêningi ratu têtiga, kala samantên Ki Dipati Môndaraka sampun seda, kasarèkakên ing Matawis. Dene putranipun kang nama Pangeran Mandura sarta kang nama Dipati Wirapraba, inggih sampun sami seda, kapêtak ing Gambiran. Kang taksih gêsang amung Ki Jurukithing inggih apanjang umuripun.

--- 219 ---

Kala samantên kangjêng sultan miyos sinewaka, para santana tuwin bupati mantri sapangandhap inggih sampun sami sowan sadaya, kangjêng sultan ngandika dhatêng Ki Tumênggung Suratani, Suratani, sira ngluruga marang ing bang wetan. Bala ing Mataram kabèh sarta para santananingsun sira gawaa, adunên prang, sira kang dadi senapati, yèn ana wong Mataram kang mundur satêngahing prang uwisna. Ki Tumênggung Suratani matur sandika, lajêng pradandosan. Sarêng sampun samêkta lajêng budhal. Wondene nagari pasisir tuwin môncanagari kang sampun karèh dhatêng Matawis sadaya inggih sampun tumut. Mila gêgamanipun Ki Suratani sakalangkung agêng. Ing saangkatipun Ki Suratani kangjêng sultan lajêng dhawuh dhatêng Radèn Jayasupônta andikakakên nusul ngalurug, angulatna prangipun bala ing Matawis, ingkang awon lan ingkang sae damêlipun. Sarta andhawahana dhatêng Radèn Suratani, yèn ing Pasuruan botên kalilan ambêdhah, sabab dèrèng mangsanipun. Kaliwatana kemawon. Ki Jayasupônta matur sandika, lajêng mangkat. Sampun anunggil kalihan Radèn Suratani, lampahipun gêgaman agêng sampun dumugi ing Winongan, lajêng masanggrahan sarta arêropoh. Wondene ki bupati ing Balambangan tuwin bupati ingkang dèrèng karèh dhatêng ing Matawis inggih sampun sami kêmirêngan yèn dipun lurugi, sarta sampun [sampu...]

--- 220 ---

[...n] sami angatos-atos.

Kacariyos Radèn Suratani kang wontên ing Winongan aparentah dhatêng Tumênggung Alap-alap. Kinèn ambêdhah ing Lumajang lan ing Rênong, kinanthèn bupati sakawan sabalanipun. Ki Tumênggung Alap-alap inggih lajêng mangkat sabalanipun. Dumuginipun ing Lumajang bupatinipun sampun lolos ing wanci dalu, ngungsi dhatêng rêdi, lajêng tinututan. Kang kacandhak kathah pêjah, nagari Lumajang sampun kajarah karayah, èstrinipun binoyongan. Ki Tumênggung Alap-alap sampun wangsul dhatêng ing Winongan malih, Radèn Suratani sarta bala ing Matawis sadaya bidhal. Angêpung ing Pamalang, bupati ing Malang anama Rôngga Tohjiwa, sumêja mêthuk prang, muwêr wontên salêbêting biting lan sabalanipun. Sarêng dipun raos botên kangkat, ing dalu lajêng lolos. Bala ing Matawis anututi, bala ing Malang mawut. Ing sabêdhahipun ing Malang Radèn Suratani lan sabalanipun budhal ngidul ngilèn.

Kacariyos Pangeran Surabaya sumêja mêthukakên prangipun bala ing Matawis. Sampun angutusi bupati ing Lasêm, Grêsik, Madura, Pasuruan, Kadhiri, ing Tuban, Lamongan, sampun sami dhatêng wontên ing Surabaya lan sabalanipun. Têtindhihipun bala [ba...]

--- 221 ---

[...la] Madura anama Radèn Panji Pulangjiwa, têguh gagah prakosa bagus. Nagari sanèsipun bupatinipun piyambak kang nindhihi, gêgaman agêng lajêng bidhal saking Surabaya anututi lampahe bala Matawis. Samargi-margi anglagari wana.

Bala ing Matawis sarêng sumêrêp yèn dipun tututi kèndêl ing lampahipun. Lajêng baris sakilèning lèpèn Andaka, bala Surabaya baris sawetaning lèpèn, sarta sami anantang, bala Matawis dipun kèn nyabrang mangetan. Tiyang Matawis botên tahan mirêng sêsumbar, enggal sami anggêbyur ing lèpèn. Bala wetan eca anggènipun nadhahi kalihan waos tuwin sanjata, bala Matawis kathah kang pêjah dening gêgaman, tuwin pêjah dening toya, Radèn Suratani tuwin para bupati enggal sami anggêbyur sumêja atêtulung prange balanipun. Radèn Suratani wau sampun pêjah kêlêlêp. Bala Matawis sarêng aningali senapatinipun pêjah, lajêng sami mundur prangipun, sarta sami anggogohi jisimipun Radèn Suratani, sarêng sampun kêpanggih nuntên kabêkta mêntas, sarta binandhusa, kala samantên lèpèn Andaka prasasat mili rah tuwin mili bathang, bala wetan sami suka-suka, sarêng wanci bangun enjing bala Matawis sami nyabrang mangetan arêbat papan. Sarêng byar sampun sami baris sawetaning

--- 222 ---

lèpèn. Bala wetan kagèt. Lajêng têmpuh prang rame, bala wetan kathah kang pêjah, bupatinipun kantun anglela, sarêng aningali balanipun kathah kang pêjah, kang gêsang sami lumajêng, para bupati wau enggal sami tumut lumajêng, amung têtindhihipun bala Madura, kang nama Radèn Panji Pulangjiwa punika pêjah satêngahing paprangan. Bala Matawis sami ambêbandhang, sarêng enjingipun bala ing Matawis bidhal sumêja sami mantuk dhatêng ing Matawis. Ki Jayasupônta kang môngka mata pitayanipun kangjêng sultan. Enggal angrumiyini, angaturi uninga ing kangjêng sultan. Yèn Radèn Suratani pêjah wontên ing paprangan, sarta angaturakên prangipun bala ing Matawis kang awon lan kang sae, kangjêng sultan sakalangkung ngungun. Lajêng utusan amaringi pariksa dhatêng garwanipun Suratani sarta amaringi salawat. Wondene bala Matawis ingkang kathah inggih sampun sami dhatêng, sarta ambêkta jisimipun Radèn Suratani, kangjêng sultan lajêng anggêganjar ing santana bupati mantri sapangandhap sadaya wradin.

--- 223 ---

Babad Tanah Jawi. Sêrat ingkang Kaping 2

--- 224 ---

Sarêng antawis sêtêngah taun sang prabu badhe anglurug dhatêng Wirasaba, karsa tindak piyambak, badhe sumêrêp pratingkahe tiyang prang, lajêng parentah dhatêng Tumênggung Martalaya, andikakakên ngêrig bala ing pasisir tuwin bala môncanagari, ingkang sampun karèh ing Matawis. Ki Tumênggung Martalaya inggih nuntên utusan. Para bupati pasisir tuwin môncanagari wau inggih sampun sami dhatêng wontên ing Matawis lan sabalanipun. Sang prabu tumuntên budhal, gêgaman sakalangkung agêng.

Kacariyos bupati ing Wirasaba, anama Pangeran Arya, sawêg umur gangsal wêlas taun sakalangkung bagus, sarta rêmên kirang dhahar sare, ingkang dados pêpatihipun anama Rôngga Pramana, digdaya sarta têguh, nanging sakit lempoh, bilih prang utawi mariksani balanipun, tinandhu kemawon. Kala samantên Pangeran Arya sampun sumêrêp, yèn nagarinipun kalurugan saking ing Matawis, katindhihan sang prabu piyambak. Pangeran Wirasaba wau enggal utusan dhatêng Surabaya anyuwun bantu, Pangeran Surabaya inggih enggal amarentahi dhatêng bupati ing Sumênêp, Balega, Pakacangan, Grêsik, Lamongan, Sidayu, Tuban, Japan, Pasuruan sapanunggilanipun, kinèn sami bantu dhatêng Wirasaba, para bupati wau inggih [ing...]

--- 225 ---

[...gih] sampun sami ambantoni prajurit dhatêng ing Wirasaba, bêbarisan ing Wirasaba sampun sakalangkung agêng, ambalèbèr ing wana tuwin jurang-jurang, pangeran ing Wirasaba sampun adamêl bètèng, sakalangkung kêkah, bala ing Wirasaba tuwin bantu sadaya sampun sami angatos-atos.

Wondene sang prabu ing Matawis lan sabalanipun inggih sampun dhatêng wontên ing Wirasaba, amasanggrahan ing dhusun Paladadi, nanging bala ing Matawis kathah kang sami sakit, sêsambatipun pating gluruh. Sang prabu angandika dhatêng para santana tuwin para bupati, sarèhning balanipun kathah kang sami sakit, karsanipun sang nata badhe kondur dhatêng Matawis, anggènipun badhe ambêdhah ing Wirasaba botên siyos. Pangeran Purbaya sarta para santana tuwin Ki Tumênggung Martalaya lan sakancanipun bupati sarêng mirêng dhawahipun sang prabu makatên, enggal sami anabuh têngaraning prang, gêgaman ing Matawis sampun bidhal angêpang ing kitha Wirasaba, lajêng ngangsêg sumêja ngrangsang bètèng, bala Wirasaba anadhahi saking sanginggiling bètèng kalihan sanjata tuwin towok. Bala Matawis kathah kang tatu utawi pêjah, nuntên mundur dhatêng pasanggrahan kasaput ing dalu. Sarèhning bala ing Matawis kathah ingkang pêjah, sarta botên sagêd anginggahi bètèng ing Wirasaba, karsanipun sang prabu badhe kondur [ko...]

--- 226 ---

[...ndur] dhatêng Matawis. Nanging Pangeran Purbaya sarta Ki Tumênggung Martalaya, ingkang taksih kêkah ing karsa, ing saupami ing Wirasaba botên bêdhah dipun pilaur pêjah. Ing enjingipun Ki Martalaya lajêng kesah nyêlamur, amomor pakathik Wirasaba kang sami ngarit. Pakathik wau sami wicantênan kalihan kancanipun, wicantênipun, wong Mataram iki sabar têmên, ambêdhah bètèng sêmene ora bisa, yèn mungguh aku gampang bae, dakpènèk karo ôndha utawa daktotog ing kayu kang gêdhe bètèeng iki amêsthi ambrol. Kang sawênèh wicantên. Digangsira bae ya gampang. Ki Tumênggung Martalaya sarêng mirêng wicantên mêkatên, sakalangkung suka manahipun. Nuntên mantuk dhatêng pasanggrahan amarentahi para bupati, kinèn sami adamêl ôndha, lan anglêmpakakên pacul linggis. Sarêng sampun pêpak pirantosipun, bala Matawis lajêng umangsah ing prang, angrampit bètèng, bala Wirasaba anadhahi saking sanginggiling bètèng, angrutugi sanjata tuwin kalantaka, srampang, towok. Bala Matawis kathah tatu utawi pêjah, nanging kang wontên ing wingking botên ajrih mêksa majêng, arame prangipun. Bètèngipun tiyang Wirasaba sampun kalêbêtan dening bala Matawis. Bala Matawis pangamukipun riwut. Bala ing Wirasaba kang wontên salêbêting

--- 227 ---

bètèng têtumpêsan. Rôngga Pramana sampun pêjah, kakêthok gulunipun. Pangeran Wirasaba sampun binêkta, para èstri sarta rajabrana sami binoyongan, kaaturakên ing sang prabu, Pangeran Wirasaba katantun badhe dipun gêsangi botên purun, kêdah anêdha pêjah, inggih lajêng andikakakên ngalabuh ing sagantên. Jisimipun Rôngga Pramana andikakakên mêndhêm. Sarta kadèkèka kêkitir sêrat. Supados ali warisipun sumêrêpa, sang prabu lajêng bidhal kondur dhatêng Matawis. Bêdhahipun ing Wirasaba sinêngkalan 1568.

Kacariyos pangeran ing Surabaya kaklêmpakan kalihan para bupati bang wetan, kang dèrèng karèh ing Matawis, apirêmbagan sumêja ambêdhah ing Matawis. Sabab sampun lami ênggènipun sami dipun oyak-oyak. Samangke badhe malês angoyak-oyak. Dadosing rêmbag lajêng sami sowan dhatêng ing Giri, para bupati wau sami anyuwun idi dhatêng sang pandhita, nanging sang pandhita botên purun angidini, karana sang pandhita sampun sumêrêp ing papêsthèning Allah, yèn nagari ing Matawis badhe angrèh ing tanah Jawi sadaya, para bupati wau botên kalilan anglajêngna ing pikajênganipun. Môngsa wandea anêmahi karisakan. Nanging para bupati wau amêksa, sabab angandêlakên [a...]

--- 228 ---

[...ngandêlakên] balanipun kathah sarta sabiyantu kalihan para bupati. Para bupati wau sampun pamit saking Giri, lajêng sami kalêmpakan wontên ing Surabaya, apirêmbagan bab margi kang badhe dènambah, aturipun kajinêman ing Surabaya, prayogi mêdal ing Madiun. Papanipun radin, mirah wontên pantun, toyanipun kathah. Anuntên wontên têlik ing Matawis. Sampun lami ênggènipun ngawula wontên ing Tuban, anama Randhu Watang, sampun kaandêl pangawulanipun. Ki Randhu Watang wau sarêng sumêrêp yèn baris agêng badhe mêdal ing Madiun, sakalangkung maras manahipun. Sabab badhe ngambah margi sae, sarta mirah têtêdhan. Ki Randhu Watang lajêng adamêl dora cara, matur dhatêng Adipati Tuban, wontên ngarsane para bupati, bêndara atur kula ing sampeyan bilih gêgaman agêng punika badhe mêdal ing Madiun botên wande manggih ribêt ing samargi-margi, sabab ing Madiun, Jagaraga, Pranaraga, punika sampun sami kabawah ing Matawis, dados botên pijêr lêlampah, badhe prang ing samargi-margi, dèrèng dumugi ing Matawis bala sampeyan sampun kathah ingkang risak. Adipati ing Tuban sarêng mirêng aturipun Ki Randhu Watang, enggal matur dhatêng Pangeran Surabaya tuwin dhatêng para dipati sadaya, para dipati wau inggih lajêng andangu dhatêng Ki Randhu Watang mênggah margi ingkang prayogi [prayo...]

--- 229 ---

[...gi] kaambah ing dêdamêl agêng, aturipun Ki Randhu Watang mêdal ing Lasêm anjog ing Pathi, punika mêrginipun sae, mirah têtêdhan, sarta botên wontên pakèwêdipun. Para bupati wau sarêng mirêng ature Ki Randhu Watang sakalangkung sami suka sarta anggunggung dhatêng Ki Randhu Watang, botên sumêrêp yèn kaloropakên. Kajinêman ing Surabaya kang matur salêrêsipun katêrka angloropakên, lajêng pinêjahan. Gêgaman agêng nuntên bidhal, saèstu mêdal ing Lasêm.

Kacariyos kangjêng sultan ing Matawis sampun ingaturan uninga dhatêng dipati ing Pathi, yèn para bupati ing bang wetan sami anglurug, sumêja êmbêdhah ing Matawis. Kangjêng sultan enggal parentah dhatêng Ki Tumênggung Alap-alap, andikakakên bantu dhatêng Pathi lan sabalanipun. Ki Tumênggung Alap-alap inggih sampun mangkat gêgancangan. Kangjêng sultan tumuntên parentah amêpak bala, badhe tindak amêthukakên mêngsah, sarêng sampun samêkta lajêng bidhal. Sakalangkung agêng gêgamanipun. Lampahipun sang prabu sampun dumugi ing Pajang, nuntên masanggrahan sakilèning kitha Pajang. Kangjêng sultan kagèt ing galih, dene Adipati Pajang botên wontên sowan, lajêng utusan mariksa sarta animbali. Kala samantên Adipati Pajang mirong manahipun, kait kalihan para bupati ing bang wetan,

--- 230 ---

sumêja gêmbul ambiyantoni prangipun. Sampun tilar kitha amasanggrahan ing dhusun Siwalan, angajêng-ajêng dhatêngipun dêdamêle tiyang wetan. Anuntên wontên utusanipun sang nata andangu sababipun botên sowan, sarta animbali, atur wangsulanipun Adipati Pajang anggragap, awad badhe amêthukakên prangipun mêngsah kang saking wetan. Adipati Pajang lajêng andhèrèk dhatêng utusan. Sadhatênge ing ngarsanipun kangjêng sultan, adipati inggih sampun kaapuntên kalêpatanipun.

Wondene dêdamêl agêng kang saking wetan inggih sampun dumugi sawetaning dhusun Siwalan, amasanggrahan wontên ing ngriku sarta abêbiting, ajêng-ajêngan kalihan dêdamêl ing Matawis. Milanipun botên lajêng prang, para bupati bang wetan wau sami angêntosi dhatêngipun Adipati Pajang, sabab sampun kait badhe angumpul barisanipun. Ing wusana Adipati Pajang botên dhatêng, kala samantên ngantos lami anggènipun ajêng-ajêngan baris. Kangjêng sultan ing Matawis parentah dhatêng Ki Tumênggung Martalaya andikakakên ngidêri pasanggrahaning mêngsah, ngalang-alanga saking katêbihan, amêpêtana bala wetan kang sami ngupados têdha. Ki Tumênggung Martalaya inggih lajêng anglampahakên prajurit kêkapalan, ing sabên dintên angalang saking katêbihan. Kalampahan

--- 231 ---

tiyang wetan sami ngênês manahipun, awit botên sagêd ngupados têdha, lajêng sami kaêlud ing gêgêring, kathah kang sakit tuwin pêjah. Anuntên para bupati bang wetan sami rêmbagan mangsah ing prang, sabab sami kakên manahipun ênggènipun ngantosi Dipati Pajang botên dhatêng-dhatêng. Sarêng wanci enjing lajêng mangsah prang, bala Matawis anadhahi prang, amung sakêdhap. Adipati Japan sampun pêjah, sanèsipun sami lumajêng sadaya, bala Matawis sami anjarahi pasanggrahan, sarta ambêbandhang, kangjêng sultan sabalanipun anuntên kondur dhatêng ing Matawis.

Antawis wolung wulan malih kangjêng sultan dhawah ambêdhah ing Pasuruan, ingkang kautus Tumênggung Martalaya, kêkanthenan bala ing Matawis sapalih, ing Pasuruan inggih sampun kalampahan bêdhah, èstri sarta rajabrana binoyongan.

Kacariyos Adipati Pajang sumêja balela, sampun kait kalihan Pangeran Mandurarêja bupati ing Matawis, kantun angupados jalaranipun kemawon. Wondene kangjêng sultan inggih sampun sumêrêp bab mêkatên wau. Anuntên kangjêng sultan mirêng wêwartos, yèn Ngabèi Tambakbaya mantri ing Pajang adarbe kapal, agêng inggil sarta bagus. Pantês yèn kaagêma ing kangjêng sultan. Kangjêng sultan lajêng utusan dhatêng Pajang, amundhut [amu...]

--- 232 ---

[...ndhut] kapal wau, utusan inggih sampun dumugi ing Pajang, andhawahakên timbalan dalêm dhatêng Adipati Pajang, Adipati Pajang enggal animbali mantrinipun kang nama Tambakbaya, sarta ambêktaa gadhahanipun kapal. Ki Tambakbaya inggih sampun dhatêng sarta ambêkta kapalipun. Adipati Pajang lajêng dhawah amundhut kapal, awit kakarsakakên ing kangjêng sultan. Atur wangsulanipun Ki Tambakbaya botên suka, Ki Tambakbaya nuntên anumpaki kapalipun, kakitêrakên wontên ing ngriku, sarta amandhi waos, wicantênipun asêru, dene eman-eman jaranku dijaluk ing wong liya, kulitku iki mungguh tak gawe prang isih kanggo têlung sasi. Tambakbaya anjèwèr kulitipun sarta onclang waos. Utusan Matawis sarêng mirêng wicantênipun Ki Tambakbaya enggal mantuk tanpa pamit. Sadhatêngipun ing Matawis lajêng sowan ing kangjêng sultan, punapa ing sawicantênipun Tambakbaya inggih sampun kaaturakên sadaya.

Kangjêng sultan lajêng parentah dhatêng para bupati tuwin para santana sadaya andikakakên êmbêdhah ing Pajang, ingkang kadadosakên senapatining prang Pangeran Mandurarêja, gêgaman agêng sampun bidhal. Pangeran Mandurarêja sangêt pakèwêd ing manahipun, dene kadadosakên senapati, anggènipun gadhah kaniyatan ambalik samangke botên siyos. Wondene

--- 233 ---

adipati ing Pajang inggih sampun sumêrêp yèn dipun lurugi saking Matawis. Adipati Pajang sampun angatos-atos, sumêja mêthuk prang, ingkang minôngka andêl-andêlipun Ki Tambakbaya, ecaning manahipun dene sampun kait lan Pangeran Mandurarêja jangji badhe ngamuk saking ing wingking, botên nyana yèn cidra ing jangji, gêgaman Pajang sampun tata baris sajawining kitha.

Botên dangu gêgaman Matawis dhatêng, lajêng campuh prang rame, bala ing Pajang kathah kang pêjah, Ki Tambakbaya angamuk kados banthông kataton, nanging bala ing Pajang kêkathahên mêngsah, lajêng dhadhal lumajêng sadaya sarta sami amêmisuh dhatêng parentah Mandurarêja, dene dados wiwitaning nalar prang wusana cidra ing jangji. Palajêngipun Dipati Pajang kalihan Ki Tambakbaya mangetan lêrês, sampun nyabrang bêngawan Sêmanggi, sumêja ngungsi dhatêng Surabaya, bala ing Matawis lajêng anjarah sarta ambêboyongi, kapalipun Ki Tambakbaya kang nama pun Domba inggih sampun kabandhang dhatêng bala ing Matawis. Gêgaman sarêng sampun bidhal mantuk dhatêng ing Matawis. Kapal pun Domba utawi jarahan sanèsipun inggih sampun kaaturakên ing kangjêng sultan. Wondene palajêngipun Dipati Pajang kalihan Ki Tambakbaya inggih sampun dumugi sarta sampun katur ing Pangeran Surabaya, Ki Tambakbaya wau lajêng kathah umbagipun. Pangeran Surabaya sarêng mirêng umbagipun [umbagipu...]

--- 234 ---

[...n] Tambakbaya sakalangkung nêpsu, Ki Tambakbaya dipun sanjata kamimisan kancana, Ki Tambakbaya botên pasah, mimis kancana gèpèng, Ki Tambakbaya lajêng kapundhut mantu, kaparingan nama Dipati Sanjata sarta sakalangkung dipun sihi, kadamêl andêl-andêling prang.

Kala samantên kangjêng sultan parentah dhatêng Tumênggung Jasupônta andikakakên ambêdhah ing Tuban. Inggih sampun kalampahan. Ing Tuban rajabrananipun jinarahan. Èstri binoyongan, sami kabêkta dhatêng ing Matawis. Tumênggung Jasupônta lajêng kaangkat nama Dipati Sujanapura, Dipati Sujanapura nuntên kautus malih, andikakakên ambêdhah ing Madura, sarta kakanthenan bupati pasisir sadaya. Ki Dipati Sujanapura inggih lajêng mangkat lan para bupati pasisir sabalanipun, sami numpak baita mêdal ing sagantên. Wondene Pangeran Madura inggih sampun mirêng pawartos, yèn dipun lurugi saking Matawis. Pangeran Madura lajêng anyuruhi Pangeran Sumênêp, Pangeran Pamêkasan, ing Balega, Pakacangan, tuwin Pangeran Surabaya, sadaya sampun ngalêmpak wontên ing Madura, sami tata baris pinggiring pasisir, anuntên gêgaman ing Matawis dhatêng saking laut, sumêja minggah ing dharatan. Lajêng dipun tadhahi saking dharatan. Arame prangipun, bala ing Matawis kathah kang pêjah dening mêngsah utawi dening

--- 235 ---

toya, bala Matawis mundur anêbihi dharatan. Sarêng wanci bangun enjing bala Matawis sami minggah dhatêng dharatan, arêbat papan. Bala Madura pêngkuh arame prangipun. Bala Matawis tuwin bala Madura kathah kang pêjah, bala Matawis mundur prangipun, sami abêbiting wontên pinggiring pasisir, sarta anglampahakên utusan angaturi uninga ing kangjêng sultan yèn bala Matawis kasoran prangipun, Adipati Sujanapura pêjah. Kangjêng sultan inggih enggal amaringi bantu senapati, anama Panêmbahan Jurukithing putranipun Kyai Jurumartani swargi, Panêmbahan Jurukithing inggih sampun mangkat lan sabalanipun, dumugi ing pabarisan Madura. Sadhatêngipun Ki Jurukithing bala Matawis sami suka manahipun, Ki Jurukithing lajêng anata bala, tiyang kang sami pêjah ing paprangan kalênggahanipun sampun kasalundhingan anak tuwin sadhèrèkipun. Ki Jurukithing nuntên amaringi sarat sêkul. Sami dipun kèn nêdha nyakêpêl, amurih wilujêng salêbêting prang, bala Matawis lajêng sami mêdal kapurunanipun malih, enggal anabuh têngara umangsah ing prang, bala Madura anadhahi, arame prangipun. Mêngsah rewang kathah kang pêjah, wusana tiyang Madura kawon prangipun. Pangeran ing Sumênêp kalih Pangeran Pamêkasan sami pêjah wontên ing paprangan. Pangeran Madura têluk sarta ambêkta tiyang sèwu, sanèsipun

--- 236 ---

saking punika sami lumajêng sadaya, bala Matawis nuntên bodhol mantuk dhatêng ing Matawis, sarta ambêkta Pangeran Madura, kaaturakên ing kangjêng sultan, kangjêng sultan sakalangkung asih dhatêng Pangeran Madura, dipun kramani adhi, kadadosakên wadananipun pulo ing Madura sadaya.

Botên antawis lami kangjêng sultan parentah ambêdhah ing Surabaya, ingkang kadhawahan nama Tumênggung Mangunonêng, kakanthèn para bupati môncanagari sadaya, Ki Mangunonêng inggih enggal mangkat. Ing Surabaya lajêng kakêpung kapêpêtan marginipun ngupados têdha, Pangeran Surabaya nuntên têluk, utusan putranipun kang anama Radèn Mas Pêkik, angaturi pratôndha ing panungkulipun dhatêng Mangunonêng. Ki Mangunonêng nuntên anglampahakên utusan angaturi uninga ing kangjêng sultan, yèn Pangeran Surabaya sampun nungkul. Sapêngkêring utusan, Ki Mangunonêng lajêng bidhal, sumêja mantuk dhatêng ing Matawis sarta ambêkta Pangeran Surabaya sagarwaputranipun, kalih Dipati Pajang, tiga Ki Tambakbaya, lampahipun mêdal ing Kadhiri anjog ing Pranaraga, wontên ing Pranaraga nuntên kapêthukakên utusanipun kangjêng sultan. Dhawahipun kangjêng sultan, Ki Tumênggung Sapanjang andikakakên nanêm bupati ing Surabaya, dene Pangeran Surabaya [Suraba...]

--- 237 ---

[...ya] sagarwaputranipun andikakakên nyukani pagriyan sajawining kitha Surabaya, botên kalilan maringi rencang, Adipati Pajang kalih Ki Tambakbaya kapundhut dhatêng ing Matawis. Ki Tumênggung Sapanjang lajêng bidhal dhatêng Surabaya sarta ambêkta Pangeran Surabaya. Ki Mangunonêng bidhal mantuk dhatêng Matawis. Sarêng lampahipun dumugi ing Pajang, kapêthukakên utusanipun ing kangjêng sultan. Ki Tambakbaya andikakakên amêjahi wontên ing ngriku, Ki Tambakbaya wau inggih lajêng binêsta kacêmplungakên ing lèpèn mawi kabandhulan sela, Ki Mangunonêng sampun mantuk dhatêng ing Matawis.

Kacariyos Adipati Pragola ing Pathi sumêja balela mêngsah ing Matawis, sampun anêluk-nêlukakên nagari kang cakêt-cakêt ing ngriku, sarta sampun adamêl bupati nênêm. Satunggil anama Mangunjaya, kalih Kandhuruwan, tiga Rajamênggala, sakawan Tohpati, gangsal Sawunggaling, nênêm Sindurêja, sadaya wau sampun sami prasêtya sarêng pêjah, namung Ki Mangunjaya kang agêgendholi, nanging sang dipati botên keguh, ing sadintên-dintên tansah angrakit gêgamaning prang sarta sampun kathah balanipun. Wondene kangjêng sultan ing Matawis sampun mirêng ing pawartos, yèn sang dipati ing Pathi ambalik. Sumêja mêngsah ing Matawis. Kangjêng

--- 238 ---

sultan enggal parentah angrakit gêgaman. Sarêng sampun samêkta kangjêng sultan bidhal. Lampahing bala amindha gunung lêlampah, gêgaman awarni-warni, sampun dumugi têpiswiring ing Pathi, bala Matawis sami ambêbahaki padhusunan. Kangjêng sultan lajêng masanggrahan wontên ing ngriku, sang dipati ing Pathi sampun ingaturan uninga dhatêng balanipun. Yèn gêgaman ing Mataram dhatêng, têtindhihipun kangjêng sultan piyambak. Para bupati tuwin para santana sami andhèrèk sadaya, sang dipati ing Pathi enggal parentah ambidhalakên gêgaman, sumêja mêthuk prang sajawining kitha, sang dipati nuntên mangkat lan sabalanipun, sampun dumugi sajawining kitha, ajêng-ajêngan kalihan baris ing Matawis. Sang dipati andangu dhatêng balanipun. Panggonaning kangmas sultan ana ing ngêndi, ingkang dipun dangu matur, raka jêngandika panggenanipun lindhuk wontên ing wingking, sang dipati ngandika malih, hèh balaku kabèh, aja angopèni ing liyane, mung panggonane kangmas sultan bae tênggêlên, sanajan aku matia ana ngarsane kangmas sultan. Sang dipati lajêng anabuh têngara umangsah ing prang, bala Matawis anadhahi, arame prangipun. Bala ing Pathi agolong pangamukipun. Bala Matawis môncanagari tuwin pasisir kathah kang pêjah, sami lumajêng angungsi wingkingipun sang prabu, pangamukipun bala ing Pathi sami riwut,

--- 239 ---

dhasar sami wantêr, sampun cakêt kalihan panggenanipun kangjêng sultan. Para santana ing Matawis enggal sami nadhahi, para bupati ing Pathi inggih têtumpêsan. Pangamukipun sang dipati sampun dumugi ngarsanipun sang nata, nuntên wontên abdinipun sang nata kapêdhak, kang angampil agêm dalêm waos Kyai Baru, anama Nayadarma, anyuwun lilanipun sang nata badhe amêthukakên pangamukipun sang dipati, awit bala kang sami wontên ngarsanipun kangjêng sultan sampun sami lumajêng. Sang nata inggih anglilani, Ki Nayadarma enggal mangsah ajêng-ajêngan lan sang dipati ragi kapering, waos Kyai Baru katamakakên. Sang dipati kenging lambungipun pasah lajêng pêjah aniba ing siti, balanipun kang sami kacêpêng gêsang sami anyuwun pêjah, inggih sampun sami kapêjahan. Dados balanipun sang dipati ingkang sami tumut prang wau sampun sami tumpês sadaya, amung Ki Mangunjaya piyambak ingkang taksih gêsang, lumajêng mantuk dhatêng ing Pathi, bala ing Matawis sami matur ing kangjêng sultan, yèn Dipati Pathi sampun pêjah, sarta sami rêbat angangkên mêjahi, kangjêng sultan lan mariksa waos Kyai Baru, sarêng katingal Kyai Baru gupak rah, kangjêng sultan ngandika, Si Nayadarma kang matèni adhi mas, pratandhane agêm ingsun tumbak Kyai Baru gupak gêtih, kangjêng sultan ngandika malih dhatêng Ki Tumênggung Alap-alap. Alap-alap, sira mênyanga [mênyang...]

--- 240 ---

[...a] ing Pathi, lan Si Jagabaya, Arya Panular, Ngabèi Wirapati sarta mantri Mataram kabèh, sira amboyongana ing saisine nagara Pathi, yèn ana kang bôngga patenana, sira anggawaa joli, bojone para prayayi padha tunggangana ing tandhu, poma sarupaning wong wadon utawa rajabrana aja ana kang kaliwatan. Tiyang sakawan aturipun sandika, nuntên mangkat sabalanipun. Kangjêng sultan inggih lajêng kondur dhatêng ing Matawis.

Kacariyos palajêngipun Ki Mangunjaya sampun dumugi ing Pathi, angaturi uninga dhatêng garwanipun sang dipati, yèn ingkang raka seda wontên ing paprangan, balanipun tumpês. Sang rêtna lajêng anjêrit lan tiyang sadalêm sadaya, Ki Mangunjaya wau lajêng asuka pariksa dhatêng mantri sakawan ingkang tinanggênah têngga dalêm. Anama Suraprameya, kalih Rôngga Jaladra, tiga Suraantaka, sakawan Pangalasan. Tiyang sakawan sarêng mirêng yèn gustinipun tumpês sabala sadaya, lajêng sami anangis. Sarta sami sumêja bela pêjahing gustinipun. Nuntên parentah dhatêng tiyang ing Pathi sakantunipun antawis kalih atus, dipun kèn sami angatos-atos. Botên dangu gêgaman Matawis dhatêng sarta sampun sami sumêrêp, yèn lêlampahipun badhe wontên kang malangi. Gêgaman Matawis sampun dumugi alun-alun Pathi, [Pa...]

--- 241 ---

[...thi,] lajêng kapêthukakên prang rame, tiyang Matawis kathah kang pêjah, tiyang ing Pathi sarta mantri sakawan wau sampun sami pêjah sadaya, kantun Ki Mangunjaya piyambak lumajêng, angaturi uninga ing garwanipun sang dipati, tiyang sadalêm sangsaya sangêt panangisipun. Ki Mangunjaya enggal ngupadosi putranipun jalêr sang dipati, taksih alit, anama Radèn Rôngga, sarêng kêpanggih lajêng kabêkta kesah, mêdal kori bêbutulan wingking, kabêkta ngungsi dhatêng ing rêdi Prawata, bêdhahing Pathi sinêngkalan 1570.

Ki Tumênggung Alap-alap sakancanipun nuntên sami lumêbêt ing kadhaton, anacahakên sarta amboyongi sawarnining rajabrana tuwin tiyang èstri, garwanipun sang dipati ingaturan nitih joli, para sêlir kalihan garwanipun para priyantun katumpakakên ing tandhu, swaraning tangis gumuruh pating jalêrit, sami sêsambat gustinipun kang sampun seda, Ki Tumênggung Alap-alap lajêng bidhal saking kitha andhèrèkakên sawarnining bêboyongan. Lampahipun arêreyongan. Sampun dumugi ing Matawis. Garwanipun sang dipati sarta bêboyongan sadaya lajêng kalêbêtakên ing kadhaton. Kangjêng sultan enggal andangu dhatêng garwanipun sang dipati, purwaning pambalikipun têmah amêngsah sang prabu, aturipun ingkang garwa sang dipati,

--- 242 ---

yèn awit saking Ki Tumênggung Endranata ing Dêmak, ingkang angadon-adoni awon. Sang nata sarêng mirêng atur makatên sangêt duka, enjingipun anuntên miyos sinewaka wontên ing sitinggil. Bala ing Matawis pêpak sadaya, sang nata ngandika sêru dhatêng abdi Martalulut lan Singanagara, hèh wong Martalulut lan Singanagara, enggal sudukana Si Endranata ana ing pagêlaran bae, dikongsi mati. Martalulut lan Singanagara inggih enggal sami anyuduki dhatêng Tumênggung Endranata sampun pêjah, ususipun kadamêl tontonan wontên ing pêkên.

Ing antawis lami sang nata apirêmbagan akalihan ingkang uwa Panêmbahan Purbaya, uwa Purbaya, sarèhning kula mirêng pawartos yèn Pangeran Surabaya samangke sampun pêjah atilar putra jalêr satunggil, anama Radèn Mas Pêkik, punika ingkang dados pikajêngan kula, Radèn Mas Pêkik badhe kula timbali, kula kèn gêgriya ing Matawis. Panêmbahan jumurung, sang nata nuntên utusan dhatêng Surabaya amondhongi Pangeran Pêkik. Utusan inggih sampun lumampah dhatêng Surabaya, kêpanggih kalihan Pangeran Pêkik andhawahakên timbalan dalêm. Aturipun Pangeran Pêkik sandika, enggal apradangdosan sagarwa tuwin brayatipun sadaya. Utusan Matawis wau

--- 243 ---

lajêng andhawahi TumêngguTumênggung. Sapanjang, andhèrèka lampahipun Pangeran Pêkik. Dipun rêksaa lampahipun wontên ing margi, dhaharipun sampun ngantos kêkirangan. Ki Tumênggung Sapanjang aturipun sandika, nuntên bidhal andhèrèkakên Pangeran Pêkik. Lampahipun alon-alon. Sampun dumugi ing dhusun Butuh angujung ing astana, ing dalu lajêng sare adêdagan. Ing wanci lingsir dalu Pangeran Pêkik mirêng swara, ujaring swara, Ki Pêkik, wruhanamu, kowe besuk duwe putu lanang jumênêng ratu gêdhe, kadhatone ing alas Wanakarta, kaprênah sakuloning Pajang abêbala bacingah, jêjuluk Sunan Mangkurat. Pangeran Pêkik kagèt lajêng wungu, ing wanci enjing nuntên andika wartos dhatêng juru kunci ing ngriku, ki juru kunci sarêng mirêng pangandikanipun Pangeran Pêkik sakalangkung bingah sarta sokur ing Allah. Pangeran Pêkik anuntên bidhal. Lampahipun alon-lonan. Sarêng ngajêngakên dumugi Matawis, utusanipun sang prabu ingkang animbali wau angrumiyini angaturi uninga ing sang prabu, yèn pangeran sampun wontên ing margi, sang nata sakalangkung suka, nuntên miyos siniwaka wontên ing sitinggil. Bala ing Matawis pêpak sadaya, sang nata alon ngandika dhatêng Panêmbahan Purbaya, uwa, kadospundi ing prayoginipun, bilih Pangeran Pêkik ing mangke [mang...]

--- 244 ---

[...ke] dhatêng, punapa kula kang ngabêkti, punapa piyambakipun ingkang ngabêkti dhatêng ing kula, panêmbahan amangsuli alon. Sinuhun, ing pamanah kula prayogi Pangeran Surabaya ingkang ngabêktia, mila makatên ing kalênggahanipun agêng panjênêngan dalêm, ing Surabaya taksih nama pangeran kemawon. Panjênêngan dalêm sampun jumênêng sultan. Kalih dene katimbalan dhatêng Matawis samangke inggih sowan. Sang prabu sakalangkung suka ing galih amirêng aturipun Panêmbahan Purbaya, botên dangu Pangeran Pêkik dhatêng wontên ing alun-alun, lajêng pepe sakiduling waringin kêmbar lan sakulawangsanipun sadaya. Sarêng sang nata ningali, nuntên andikakakên nimbali, Pangeran Pêkik tumuntên sowan minggah ing sitinggil. Sadhatêngipun ing ngarsane sang prabu, dhuwung kasèlèhakên ing siti nuntên angujung, sarwi matur anyêmbah, gusti, kula angaturakên ing pêjah gêsang kawula, amargi saking agêngipun ing kalêpatan kula, dene botên tumuntên sowan ing panjênêngan dalêm, angantos katimbalan. Ing mangke kula nyumanggakakên badan kula lan sabrayat kula sadaya, akathah-kathah aturipun Pangeran Pêkik. Sang nata sarêng mirêng aturipun Pangeran Pêkik sakalangkung suka ing galihipun sarta rêsêp aningali ing warninipun, abagus taksih neneman, mèh kêmbar kalihan sang

--- 245 ---

prabu, kangjêng sultan alon ngandika, yayi ing Surabaya, mulane sira sun timbali, wus pinêsthi karsaning Allah, sêsotya iku tumrap ing êmbanan. Upamane ingsun pancuran, sira kang minôngka têlaga, upamane ingsun isi, sira kang minôngka wadhahe, dene têgêse, wus pinêsthi karsaning Allah, yèn sira bakal milu anurunake para ratu ing tanah Jawa, ananging sira kang urun wadon, ingsun kang urun lanang, dene karsaningsun ing saiki sira wismaa ana ing Mataram, ngênggonana ing kadipatèn. Nagara ing Surabaya iya ingsun paringakên ing sira maneh, mungguh panguwasanira iya misiha kaya kang wus kêlakon. Sira ana ing Mataram kene yayi aja taha-taha, ya ing Mataram, ya ing Surabaya, panganggêpmu padhanên bae. Pangeran Pêkik aturipun sandika, lajêng kaprênahakên adalêm ing kadipatèn.

Botên antawis lami Pangeran Pêkik lajêng katariman ingkang rayi sang prabu, kang nama Ratu Pandhansari, atut ênggènira apalakrama, Pangeran Pêkik taksih sinisihan kalihan ingkang garwa. Sarêng sampun antawis lami, kangjêng sultan pinuju pinarak wontên ing dalêm. Nuntên utusan animbali Kangjêng Ratu Pandhansari. Pawongan inggih enggal lumampah dhatêng kadipatèn Surabayan. Garwanipun Pangeran Pêkik inggih [ing...]

--- 246 ---

[...gih] sampun kairit dhatêng cèthi, malêbêt ing kadhaton. Sadhatêngipun ing ngarsane kangjêng sultan, Ratu Pandhanasari matur, kakang prabu, panjênêngan dalêm gêrah punapa, dene ênggènipun animbali ing kula enggal-enggalan. Kangjêng sultan alon angandika, laraningsun panggonane ing ati, adhi ajêng, larane atiningsun angluwihi bangêt. Dene ana pandhita siji durung nungkul marang ingsun, omahe ing Giri, liyane iku wong tanah Jawa wis padha nungkul kabèh, sira tutura marang lakinira, ing Giri sun têmpuhakên marang dhèwèke, supaya bisaa anungkul marang ingsun. Kang prayoga angrusak ing Giri amung lakinira, karana padha trahing pandhita. Ratu Pandhan matur sandika, nuntên lèngsèr saking ngarsaning kangjêng sultan. Sarawuhing dalêm inggih lajêng matur dhatêng ingkang jalêr punapa ing sadhawuhipun kangjêng sultan. Pangeran Pêkik angandika, yèn karsane kangjêng sultan kudu angrusak ing Giri, pinrih angidhêp marang Mataram, ing Giri wus prasasat kagêgêm ana ing tanganku, ya aku kang anyaguhi bêdhahe pratapan Giri, payo padha seba marang kadhaton, nyuwun pamit ing kangjêng sultan. Lajêng mangkat sarimbit. Kangjêng sultan sarêng aningali ingkang rayi sowan sarimbit, enggal katimbalan lênggah cakêt. Sang nata angandika, yayi ing Surabaya, kaya kapriye karêpira. Pangeran

--- 247 ---

Surabaya matur nêmbah, kula sandika anglampahi ing sadhawuh dalêm anggêcak ing Giri, sanajan mintaa sraya ing nagari sanès, kula botên ajrih, kawula nyuwun pamit badhe mangkat. Sang nata inggih anglilani, garwanipun dikakakên ambêkta, ingkang rayi sakalihan nuntên ngujung, kangjêng sultan andêdonga, mugi salamêta sarta unggula yudanipun ingkang rayi. Pangeran Pêkik lan kang garwa sampun mundur saking ngarsane kangjêng sultan, sarawuhe ing dalêm apradandosan. Nuntên bidhal lan sabalanipun anjujug ing Surabaya, atata-tata wontên ing griku, sarêng sampun samêkta lajêng bidhal anglurug dhatêng Giri.

Kacariyos sang pandhita ing Giri sampun angsal pawartos, yèn ing Giri sumêja kabêdhah dhatêng Pangeran Surabaya, sang pandhita nuntên parentah dhatêng santana tuwin marbot sarta para muridipun sadaya kadhawahan sami angatos-atos. Kacariyos sang pandhita gadhah putra angkat, tiyang Cina sarta gadhah bala tiyang kalih atus, punika kang minôngka andêl-andêlipun, kang sagah mêthukakên prangipun tiyang Surabaya, têtiyang ing Giri sampun sami mirantos dêdamêling prang. Botên antawis dangu gêgaman ing Surabaya dhatêng, lajêng campuh ing prang, bala ing Surabaya kathah kang pêjah, mundur kawon prangipun. Ratu Pandhansari sarêng

--- 248 ---

aningali balanipun kawon, sarta kathah kang pêjah, enggal sami kaklêmpakakên, lajêng sami dipun ganjar arta tuwin busana, sampun waradin. Bala ing Surabaya sami bingah manahipun sarta sami mêdal kakêndêlanipun. Nuntên kaajêngakên prang malih, bala ing Giri anadhahi, arame prangipun. Bala ing Giri kathah kang pêjah, sakantunipun sami lumajêng, sang pandhita sampun kacêpêng, angrêrêpa nyuwun gêsang, bala ing Surabaya sami matur ing gustinipun, sang pandhita dipun aturi mêjahi, wangsulanipun Pangeran Pêkik. Aku ora gêlêm amatèni pandhita, besuk putuku iku kang kuwasa angrusak sarta amatèni marang kang dadi pandhita ing Giri kene, Pangeran Pêkik lajêng parentah anjarahi rajabrana saisining Giri, èstrinipun binoyongan. Sang pandhita katumpakakên ing tandhu. Pangeran Pêkik nuntên kondur dhatêng Matawis. Sang pandhita tuwin jarahan sadaya sampun katur ing sang prabu, ananging sang prabu botên karsa, sadaya wau kaparingakên dhatêng Pangeran Pêkik. Sang pandhita kaapuntên ing sadosanipun.

Sarêng antawis lami sang nata miyos sinewaka, bala Matawis pêpak sadaya, sang nata ngandika dhatêng Pangeran Mandurarêja, sira ngluruga marang ing Jakarta, ing mêngko wis kancikan marang wong Walônda, bupatine wis kasoran [kasora...]

--- 249 ---

[...n] prange, nagara Jakarta sira rêbuta, wong Walônda tundhungên têka ing kono, wong pasisir ing Surabaya sapangulon iridên, padha adunên prang, bupati ing Sampang lan ing Garêsik bubuhana prang ing laut anggawaa kagungan ingsun mariyêm loro, nanging kang ingsun gawe senapati sira. Pangeran Mandurarêja sarta para bupati pasisir aturipun sandika, lajêng sami mantuk dhatêng nagarinipun piyambak. Apradangdosan sarta ambêkta kagungan dalêm mariyêm kêkalih, kabêkta dhatêng ing Sampang badhe kadamêl anjagèni yèn wontên prang ing laut. Para bupati wau sampun sami jangji pakumpulan ing nagari Ngastina. Pangeran Mandurarêja sampun bidhal saking Matawis. Sadhatêngipun ing Ngastina, para bupati pasisir sampun pêpak wontên ing ngriku lan sabalanipun sadaya, kathahing bala tanpa wilangan, lajêng sami dandos baita, sarêng sampun samêkta lajêng bidhal anumpak baita ambabar layar, nuntên mancal sampun silêm dharatan. Dumugi ing Carêbon kèndêl tata-tata wontên ing ngriku, sarêng sampun mirantos anuntên mangkat. Lampahing baita dumugi ing Jakarta alabuh jangkar, Pangeran Mandurarêja sabalanipun lajêng mêntas, atata pamondhokan sakidul wetaning kitha, sampun misuwur ing tiyang sa-Jakarta, yèn gêgaman kang dhatêng punika badhe anundhung tiyang Walandi

--- 250 ---

kang wontên ing ngriku, têtiyang Jawi ing Jakarta sadaya sampun sami têluk dhatêng Pangeran Mandurarêja, amung kantun tiyang Kumpni kemawon, wontên salêbêting bètèng amunggul balowartinipun, amapanakên mariyêmipun. Gurnat lan gutuk api sampun tinata, tiyang Walandi sadintên-dintên abilulungan. Kacariyos pangagêngipun tiyang Walandi kathah, kapitanipun wolu, satunggil anama Jakuwos, kalih Balêm, tiga Endro, sakawan Pituye, gangsal Jrodo, nênêm Wami, pitu Karèng, wolu Gêdyug. Lutnan sakawan. Ing sadintên-dintên malatar, tamburipun tansah brang-brangan, nanging botên wontên purun mêdal sajawining bètèng. Wondene Pangeran Mandurarêja lan para dipati pasisir, ing Gêmbong Pasuruan sapangilèn, dumuginipun ing ing Jakarta, bupatinipun sampun sami ngalêmpak wontên ing ngriku lan sabalanipun, kathahing bala tanpa wilangan, amung dipati ing Sampang kang badhe anjagèni prang laut dèrèng dhatêng, ênggènipun badhe anggêpuk loji ing Jakarta angêntosi dhatêngipun Dipati Sampang.

Kacariyos kangjêng sultan ing Matawis andhawahi dhatêng Panêmbahan Purbaya, uwa Purbaya, jêngandika sumusul dhatêng Jakarta, amayangana kang sami andon pêrang,tanda pêpêt ditulis di atas aksara na. nanging sampun dika têmêni, tiyang Walandi dika kapokakên [kapoka...]

--- 251 ---

[...kên] kemawon. Dika sampun ambêkta bala kathah, anyamura kemawon, mêdala ing laut. Panêmbahan aturipun sandika, lajêng mangkat, amung ambêkta abdinipun para lurah sawatawis, anjujug ing Jêpara, panêmbahan sampun darbe palwa piyambak, awasta Kaladuta, lajêng tinitihan ambabar layar, enggal lampahipun. Pangeran Mandurarêja sampun mirêng ing pawartos, yèn Panêmbahan Purbaya anusul dhatêng Jakarta, Pangeran Mandurarêja rumaos isin, dene kasusulan Senapati malih, nuntên anabuh têngara umangsah ing prang, Adipati Sampang jagi prang laut inggih sampun dhatêng wontên ing ngriku. Tiyang Kumpni inggih sampun sumêrêp yèn dipun inggahi, lajêng anata Kumpêninipun kathahe kawan brêgada, mariyêmipun tinata maju pat. Gurnat tuwin gutuk api sampun cumawis. Dene Walandi ingkang asikêp sanjata ing dalêm sa-Kumpêninipun, ingkang anindhihi kapitan satunggil, lutnan kêkalih, alpèrès satunggil. Ingkang jagi angidêri Kapitan Jakuwès. Sadaya sampun tinata, bubuh-bubuhan ajangji sabiyantu sarêng pêjah, sampun malatar atata ungkur-ungkuran. Dene kang dipun kandêli kang wontên kidul wetan. Dipun kathahi mariyêm, kalataka, lela, masbum, sinapanipun pating galêbyar, kang nindhihi kapitan sakawan. [sakawa...]

--- 252 ---

[...n.] Pangeran Mandurarêja anabuh têngara magut ing prang, tiyang Jawi majêng ing prang rampak sarta surak sumêja angrangsang biting, Walandi anadhahi, mariyêm sinulêdan ambal-ambalan. Swaranipun kados rêdi rêbah dhawahing mimis kados jawah, wontên kados daru, tiyang Jawi kathah kang pêjah, rêbah pating sulayah tuwin kêtaton. Wontên kang brangkangan, ingkang majêng-majêng tumpês, nuntên mundur kasaput ing dalu, enjingipun Pangeran Mandurarêja andhawahi ing tiyang Sampang wontên ing baita, dipun jak sarêng anggêpuk bètèng, tiyang Sampang inggih lajêng masang mariyêmipun saking ing baita, arame prang sami mariyêm. Tiyang Walandi ingkang pêjah kapitan satunggil, lutnan kêkalih, kopral tiga, saradhadhu kathah kang tatu utawi kang pêjah tanpa wilangan.

Kacariyos Panêmbahan Purbaya sampun dumugi ing laut Jakarta, lajêng prang kalihan Walandi kang wontên ing baita, Walandinipun kawon sampun lumajêng, panêmbahan nuntên minggir, sumêdya mêntas dhatêng dharatan. Ing ngriku taksih rame aprang mariyêm pating jalêgur, mariyêmipun tiyang Jawi dipun sipat sami mariyêm dhatêng ing tiyang Walandi kenging lambenipun gêmpal. Baitanipun kathah kang pêcah, tiyang Jawi kathah kang pêjah, tiyang Walandi inggih kathah kang pêjah. Tiyang Walandi obat mimisipun sampun nipis. Kalampahan tinja kang kadamêl ing obat [oba...]

--- 253 ---

[...t] mimis. Tiyang Jawi kathah balaeran. Amargi kenging ing tinja. Wondene lampahipun Panêmbahan Purbaya sampun dumugi satêngahing paprangan, amung ambêkta panakawan têtiga, tiyang Walandi sampun sami sumêrêp yèn Panêmbahan Purbaya dhatêng, sarta kawartos yèn sakalangkung sakti sagêt mabur, lajêng kinarutug ing sanjata, ing awang-awang sami dipun bêdhili, nanging panêmbahan botên kenging, ngeca-eca sarwi udud anyêlaki bètèng, panêmbahan ngandika sêru, hèh wong Walônda dene kapati-pati ênggonmu ambêdhili mênyang aku, apa kowe ngandêlake kandêle bètèngmu, sarwi anudingi bètèng, bètèngipun tiyang Walandi lajêng bolong satiyang, panêmbahan sarêng sampun adamêl pratôndha lajêng wangsul dhatêng ing baita, sumêja kondur dhatêng ing Matawis. Wondene Pangeran Mandurarêja taksih angantêp prangipun, nanging mêksa botên sagêd anyakêti bètèng, awit botên bêtah mambêt tinja, busananipun sami gubras tinja, para dipati pasisir sabalanipun kathah kang pêjah lan ingkang gêsang, sarta botên wontên kang tahan dene tinja, saunduripun saking prang lajêng sami kungkum ing lèpèn. Kala samantên ngantos lami prangipun, tiyang Jawi kang taksih gêsang salong sami minggat mantuk dhatêng nagarinipun sangêt giris ing manahipun. Dene tiyang Walandi ingkang pêjah

--- 254 ---

tigang brêgada, ingkang taksih gêsang sabrêgada, sampun sami kêkês manahipun. Botên wontên kang nyipta gêsang.

Kacariyos konduripun Panêmbahan Purbaya, sampun dumugi nagari ing Matawis. Lajêng sowan ing sang prabu angaturakên wiwitan dumugi wêkasan. Sarta aturipun panêmbahan, prakawis prang ing Jakarta prayogi dipun kèndêli, sabab tiyang Walandi ênggènipun dhatêng wontên ing ngriku, amung sumêja grami kemawon. Kangjêng sultan kapanujon galihipun, alon ênggènipun ngandika, uwa inggih lêrês sampeyan. Kalih dene sampun pinêsthi karsa Allah, tiyang Walandi ing benjing badhe mitulungi dhatêng turun kula, kang sami jumênêng nata, manawi turun kula ing benjing wontên kang kawon prangipun, amêsthi badhe dipun pitulungi dhatêng tiyang Walandi, milanipun kula adamêl prang punika, amungkul damêl lêlabêt kemawon, supados ajriha kang wingking-wingking, kangjêng sultan anuntên ngandika dhatêng gandhèk. Bocah gandhèk, sira mênyanga ing Jakarta, Si Mandurarêja timbalana mulih lan sakancane kabèh, Ki Tumênggung Baurêksa patènana ana ing dalan. Lan Si Mandurarêja ya patènana, bathange pêndhêmên ana ing Kaliwungu. Gandhèk matur sandika lajêng mangkat. Sampun dumugi ing Jakarta, andhawahakên timbalan [timba...]

--- 255 ---

[...lan] dalêm. Pangeran Mandurarêja lajêng bidhal mantuk sakancanipun sadaya, Pangeran Mandurarêja wau sarta Ki Baurêksa inggih sampun sami dipun pêjahi. Tiyang Walandi sarêng uninga gêgaman Matawis bibar mantuk, sakalangkung sami suka manahipun. Sampun sami angintên yèn awit saking karsanipun kangjêng sultan, ingkang amaringi pangapuntên dhatêng tiyang Walandi, tiyang Walandi lajêng sami anglampahakên utusan dhatêng ing Matawis, angaturi pisusungpisungsung. kathah awarna-warni, kala samantên sinêngkalan 1571.

Kacariyos sang nata miyos sinewaka, adhawah dhatêng Pangeran Silarong, adhi Silarong, sira ngluruga ambêdhah ing Balambangan. Sira sun gawani wong môncanagara kabèh lan wong pasisir kiwa, padha adunên prang, sarta sira sun kanthèni bocah ingsun gandhèk Si Padurêksa, dadia mata pitayaningsun, angawasna solahe kawulaningsun kang ala lan kang bêcik gawene. Pangeran Silarong sarta para bupati môncanagari tuwin pasisir aturipun sandika, lajêng sami pradandosan. Sampun sami jangji pakumpulan ing Pasêdhahan. Pangeran Silarong inggih sampun bidhal lan sabalanipun. Lampahipun mêdal ing Kadhiri, anjog ing Pasuruan. Para bupati inggih sampun ngalêmpak wontên ing ngriku, lajêng lampahipun [lampahipu...]

--- 256 ---

[...n] dumugi watêsing Balambangan, amasanggrahan. Tiyang ing nagari Balambangan sami kagegeran angungsi kitha, sang dipati ing Balambangan nuntên utusan nyuwun bantu dhatêng ing Bali, inggih lajêng binantonan, tiyang ing Bali ingkang tate tatal, antawis gangsal atus. Pangagêngipun kêkalih awasta Dewa Lêngkara, kalih Dewa Agung, sosoranipun anama Panji Balèlèng, kalih Panji Macan Kuning, sang dipati nuntên bidhal lan sabalanipun, sarta prajurit ing Bali sadaya, sumêdya amêthukakên mêngsah kang wontên ing Watês, dene kang têngga kitha putranipun sang dipati jalêr kêkalih, anama Ki Mas Kêmbar, lampahipun sang dipati sampun dumugi ing Watês, ajêng-ajêngan kalihan mêngsah. Ing enjingipun anuntên sami mangsah ing prang, bêdhil-binêdhil, tumbak-tinumbak, rame prangipun. Tiyang ing Bali gêgamanipun tulup pasêr mawi upas. Bala ing Mataram kathah kang pêjah dening upas tuwin dêdamêl sanèsipun. Tiyang Bali Balambangan inggih kathah kang pêjah bangke susun atindhih, ingkang prang sami ngidak bêbathang, dangu-dangu tiyang Balambangan kawon prangipun, sami lumajêng angungsi kitha, bala Matawis anglud, kitha rinangsang wani, tiyang salêbêting kitha lumajêng ngungsi ing rêdi, bala ing Matawis sami jêjarah, Ki Mas Kêmbar sampun binêkta, Sang Dipati Balambangan botên kantênan pêjah tuwin gêsangipun. Pangeran Silarong parentah

--- 257 ---

anglud kang sami ngungsi ing rêdi, bala Matawis lajêng sami mangkat sumêngka rumambat ing rêdi, tiyang Balambangan kathah kang kacandhak gêsang tuwin pêjah. Ing ngriku wontên ajaripun satunggil anama Ajar Salokantara, inggih sampun binêsta, kabêkta mudhun saking rêdi, dumugi ngarsanipun Pangeran Silarong, ajar lajêng pinêjahan, jisimipun sirna, anuntên wontên swara, hèh Silarong, aku kopatèni tanpa dosa, ing besuk aku malês mênyang kowe, yèn ana panjênênganing nata, gèthèk baune kang kiwa iku aku kang nitis ana ing kono, kowe ing kono takpatèni. Pangeran Silarong lan sabalanipun nuntên bidhal kondur dhatêng Matawis, sarta ambêkta jarahan tuwin boyongan. Sadhatêngipun ing Matawis sampun katur ing sang prabu, Ki Mas Kêmbar lajêng linuwaran babêstanipun sarta kasupaosan, tinêtêpakên dados bupati ing Balambangan. Sang nata anggêganjar ing balanipun kang sami mênang prang, Radèn Padurêksa lêlurah gandhèk kaangkat nama Pangeran Têpasana. Sang nata lajêng dhawah dhatêng Tumênggung Singaranu andikakakên ambêdhah ing Sumêdhang tuwin ing Ukur, inggih sampun kalampahan. Rajabrana sarta tiyang èstrinipun inggih sampun binoyongan dhatêng Matawis. Kala samantên kangjêng sultan amêng-amêng, angidêri pakêbonan, kairing abdi èstri angampil [angampi...]

--- 258 ---

[...l] talêmpak, landheyanipun kajêng wrêgu, ing ngriku kangjêng sultan kagungan ingon-ingon kidang jalêr, anglangkungi galak. Sarêng ningali kangjêng sultan kidang nyandêr badhe nyakot. Kangjêng sultan enggal nyandhak talêmpak. Kidang dipun talêmpak kenging andhêmanipun. Rahipun sumêmbur, saking rikating panyandêring kidang kuwatipun kangjêng sultan, landheyan kajêng wrêgu mangkêlung, wêntasipunwêntisipun. kangjêng sultan kenging kagayor ing kidang, nanging botên pasah, kidang lajêng pêjah, kangjêng sultan andhawahakên prasapa, besuk saturunku aja ana anganggo landheyan kayu wrêgu, sabab anêniwasi.

Kacariyos kangjêng sultan punika kadhatonipun kêkalih, satunggil nama ing kutha Karta, satunggilipun ing sagantên kidul, sabab Rara Kidul punika sampun kagarwa ing kangjêng sultan. Ing sabên-sabên kangjêng sultan amêsthi têdhak anyare ing sagantên kidul. Utawi bilih kangjêng sultan miyos sinewaka, para jim pêri prayangan inggih lajêng sowan, nanging ingkang uninga namung kangjêng sultan piyambak. Kalih dene sampun misuwur, yèn kangjêng sultan wau sakalangkung sêkti sarta kuwasa, balanipun manungsa utawi jim pêri prayangan sami ajrih asih. Kala samantên kangjêng sultan sampun pêputra jalêr kêkalih, ingkang sêpuh nama Pangeran Dipati Arya Mataram, sampun kakramèkakên angsal putranipun Pangeran Pêkik, [Pê...]

--- 259 ---

[...kik,] patutanipun kalihan Ratu Pandhan. Ingkang ènèm anama Radèn Mas Alit, utawi nama Pangeran Danupaya. Sarêng sampun pêputra kêkalih, kangjêng sultan gêrah sangêt. Ingadhêp para garwa tuwin putra sarta para santana sadaya. Kangjêng sultan angandika dhatêng Pangeran Purbaya, uwa Purbaya, ing mangke kula badhe tinêkakakên ing jangji, dene wêling kula, kang prayogi jumênêng nata anggêntosi ing kula, putra kula ingkang sêpuh, Pangeran Dipati Arya Mataram. Dene putra ingkang ênèm inggih tumuta mukti, jêngandika mugi ingkang sagêd amomong wayah jêngandika putra kula, uwa tuwin sanak kula sadaya, dipun sae kantun. Kangjêng sultan anuntên seda, swaraning tangis salêbêting kadhaton gumêrah, gunung Marapi gumaludhug awor swaraning ampuhan. Layon sampun siniraman sarta kasalatakên. Nuntên kabêkta kasarèkakên ing Mogiri, sinêngkalan 1578.

Ing dintên Soma Panêmbahan Purbaya miyos anganthi ingkang wayah, linênggahakên ing dhampar wontên ing sitinggil, bala ing Matawis pêpak sowan sadaya, panêmbahan ngandika sêru, hèh wong Mataram kabèh, sira padha nêksènana, yèn Pangeran Dipati Arya Mataram ingsun junjung jumênêng nata anggêntèni ingkang rama swargi ajêjuluk Kangjêng Susuhunan Mangkurat, Senapati ing

--- 260 ---

Ngalaga Ngabdurrahman Sayidin Panatagama. Bala ing Matawis saurpêksi sadaya tuwin pandhita para kaji sadaya sami andonga jumurung, sang nata nuntên kondur angadhaton. Kala jumênêngipun sang prabu punika nagarinipun gêmah raharja, jêjêg adil kukumipun. Pêparentahanipun botên ewah, taksih kados ingkang rama swargi. Ing dintên Rêspati sang nata miyos sinewaka, para santana bupati mantri pêpak sowan sadaya, punapa dene ingkang rayi sang prabu ingkang nama Pangeran Alit inggih sampun sowan. Sang nata angandika dhatêng para bupati tuwin santana sadaya, sarupane kawulaningsun kabèh, padha anyithaka bata, ingsun bakal mingsêr têka ing kutha Karta, patilasane kangjêng rama ingsun tan arsa ngênggoni, ingsun bakal yasa kutha ing Palèrèd. Bala Matawis sadaya matur sandika. Sang nata ngandika malih dhatêng Tumênggung Wiraguna lan Tumênggung Danupaya, sira padha ngaluruga marang ing Balambangan, sabab ing mêngko wis dirêbut marang wong Bali, bupatine wus nungkul, sira sun kanthèni wong môncanagara kabèh, Si Tumênggung Mataram milua angirida wong pasisir mêtua ing laut. Nanging Si Dipati Sampang aja mèlu, uruna prajurit bae. Ki Tumênggung Wiraguna, Tumênggung Danupaya, Tumênggung Mataram matur sandika, lajêng budhal lan sabalanipun.