Sastra Jawa

Program Digitalisasi Sastra Daerah

  • Increase font size
  • Default font size
  • Decrease font size

Babad Tanah Jawi, Meinsma, 1874, #778 (Hlm. 346-427)

Katalog:Babad Tanah Jawi, Meinsma, 1874, #778
Sambung:
1.Babad Tanah Jawi, Meinsma, 1874, #778 (Hlm. 001-085). Kisah, Cerita dan Kronikal | Babad Tanah Jawi #771.
2.Babad Tanah Jawi, Meinsma, 1874, #778 (Hlm. 086-168). Kisah, Cerita dan Kronikal | Babad Tanah Jawi #772.
3.Babad Tanah Jawi, Meinsma, 1874, #778 (Hlm. 169-260). Kisah, Cerita dan Kronikal | Babad Tanah Jawi #773.
4.Babad Tanah Jawi, Meinsma, 1874, #778 (Hlm. 261-345) . Kisah, Cerita dan Kronikal | Babad Tanah Jawi #774.
5.Babad Tanah Jawi, Meinsma, 1874, #778 (Hlm. 346-427). Kisah, Cerita dan Kronikal | Babad Tanah Jawi #775.
6.Babad Tanah Jawi, Meinsma, 1874, #778 (Hlm. 428-522) . Kisah, Cerita dan Kronikal | Babad Tanah Jawi #776.
7.Babad Tanah Jawi, Meinsma, 1874, #778 (Hlm. 523-600) . Kisah, Cerita dan Kronikal | Babad Tanah Jawi #777.
8.Babad Tanah Jawi, Meinsma, 1874, #778 (Hlm. 601-688) . Kisah, Cerita dan Kronikal | Babad Tanah Jawi #778.

--- 346 ---

Gêntos kacariyos Trunajaya ing Kadhiri, pinuju sineba ing balanipun. Trunajaya sampun ingaturan pawartos dhatêng balanipun. Yèn Pangeran Dipati Anom ing Mataram sampun jumênêng nata wontên ing Têgal sarta amundhut bantu tiyang Kumpêni awarni-warni, kathahipun kalihèwu, samangke sampun wontên ing Japara, tiyang pasisir suyud sadaya, malah dêrêsing pawartos sampun bidhal saking Japara, badhe ênggêcak ing Kadhiri. Trunajaya sarêng mirêng pawartos makatên lajêng gumujêng sarwi angêntrog wêntis. Nuntên angandika dhatêng balanipun kang sami sowan. Sanajan dikêriga wong ing sabrang aku môngsa wêdia, pira bobote wong seje bumi anênêka, nagara Mataram kang luwih gêdhene bêdhah dening Si Dhandhang Wacana bae. Kasaru dhatêngipun tiyang Maduntên kang baris ing Rêmbang lan ing Tuban angaturi uninga yèn kawon prangipun, gêgaman ing Matawis sakalangkung agêng, badhe lajêng ing Surabaya tuwin dhatêng ing Kadhiri. Trunajaya enggal parentah, ambantoni ingkang baris ing Surabaya, ingkang kabantokakên tiyang môncanagari têtindhihipun Prabu Anom Galengsong kalih Tumênggung Mangkuyuda, sakalangkung agêng barisipun. Sadhatêngipun ing Surabaya lajêng anata bala sarta amapanakên mariyêmipun, bandhangan saking ing Matawis anama Nyai Satomi, tuwin mariyêm sanèsipun [sa...]

--- 347 ---

[...nèsipun] inggih sampun katata, sarta sami angatos- atos.

Kacariyos lampahipun Amral mêdal ing laut, sampun dumugi pulo Mangare, tiyang Kumpêni lajêng uluk-uluk maryêm, tiyang Maduntên sami gègèr abilulungan. Amral sa- Kumpêninipun nuntên mêntas dhatêng Surabaya amasanggrahan. Ki Ônggajaya lan Ki Ônggawôngsa santananipun kathah dhatêng sarta sami ambêkta sasêgah katur ing Tuwan Amral. Amral sakalangkung suka aningali para santananipun Ki Ônggawôngsa, Ki Ônggawôngsa lajêng nyuwun pamit sumêja amandungi maryêm wasiyat ing Matawis kang nama Nyai Satomi wontên panggenaning mêngsah, pamitipun wau inggih sampun dipun lilani, ing wanci dalu Ki Ônggawôngsa nuntên lumampah dhatêng panggenaning mêngsah, mariyêm Nyai Satomi sampun kapanggih lajêng kapanggul ijèn, tiyang Maduntên botên wontên uninga, mariyêm wau sampun kaaturakên dhatêng Amral tuwin Radèn Nêrangkusuma, Amral sakalangkung eram aningali karosanipun Ki Ônggawôngsa.

Sarêng ing wanci bêdhug tiga Amral parentah anyumêd mariyêm, kasipatakên panggenaning mêngsah, ungêling mariyêm botên kêndhat-kêndhat. Tiyang Maduntên tuwin môncanagari sami kagegeran abilulungan. Kathah kang pêjah katiban mimis. Tibaning mimis dêrês kados jawah,

--- 348 ---

tiyang Maduntên botên kaur mêndhêt gêgamanipun, kasêlak katiban mimis sarta kaplêsatan risaking griya kang kenging mimis. Ônggawôngsa lan Ônggajaya sami ambêsmèni griya pondhokaning mêngsah, tiyang Maduntên tuwin môncanagari sangsaya kuwur, nuntên dhadhal sami lumajêng sadaya, Ki Darmayuda sarta Raja Galengsong inggih sami lumajêng, sumêja wangsul dhatêng Kadhiri, Darmayuda lajêng awêwadul dhatêng Trunajaya, yèn Raja Galengsong prangipun rangu-rangu kados badhe malik tingal, mila tiyang Maduntên kawon prangipun, awit saking punika, Trunajaya sarêng mirêng sakalangkung duka, Raja Galengsong wau lajêng dipun jak dhatêng kêbon pêpungkuran. Wontên ing ngriku Galengsong dipun pêjahi, jisimipun kacêmplungakên ing sumur, nuntên dipun urugi, sabalanipun tiyang Makasar botên wontên sumêrêp.

Gêntos kacariyos Sang Prabu Mangkurat, lampahipun sampun dumugi ing Kudus, lajêng angujung dhatêng ing astana, sarta animbali Panêmbahan Natapraja ing Adilangu, inggih sampun sowan lajêng kabêkta nglurug. Sang prabu ing samargi-margi tansah prang kalihan tiyang Maduntên. Kala samantên Sang Dipati Môndaraka anandhang sakit dados ing pêjahipun. Sang nata sakalangkung ngungun. Jisimipun sampun kapêndhêm wontên ing margi, sang nata lajêng ing lampahipun, sampun dumugi talatah ing Kadhiri,

--- 349 ---

amasanggrahan wontên ing dhusun Singkal. Ing ngriku wontên ajar dhatêng saking ing gunung Kêlud, anama ajar Tejalaku, ambêkta cantrik kawandasa, sami angangge kudhi têrantang, sadhatêngipun ing pasanggrahan lajêng sami ngamuk pinuju pondhokipun Ki Dipati Urawan. Balanipun Ki Urawan sami anadhahi, cantrik kawandasa sampun pêjah sadaya, kantun ki ajar piyambak, ngadêg sarwi malang kêrik, dipun sanjatani botên kenging, dipun waosi inggih botên kenging, nuntên sang prabu têdhak piyambak amandhi waos Kyai Baru, sarwi angandika, bocah ingsun, padha sumingkira kabèh, ingsun dhewe kang mapagake, sabab iku sêjane têka ing gunung, supaya ingsun ruwata, sang prabu lajêng amaos dhatêng kyai ajar, jaja trus ing gigir ki ajar sampun pêjah, bathangipun sirna. Sang nata lajêng kondur pinarak ing pasanggrahan, nuntên utusan dhatêng Surabaya, animbali Amral sa-Kumpêninipun sarta Radèn Nêrangkusuma. Utusan enggal lumampah, sampun dumugi ing Surabaya, kêpanggih kalihan Amral. Amral inggih lajêng mangkat sarta Radèn Nêrangkusuma, dene ingkang kapatah têngga ing Surabaya amung para umbul kemawon. Lampahipun sampun dumugi ing pasanggrahan ing Singkal, lajêng sowan ing sang prabu, Amral ngaturakên pawartos kalanipun prang wontên ing Surabaya,

--- 350 ---

sarta angaturakên Ki Ônggawôngsa ênggènipun mandungi mariyêm Nyai Satomi, sang nata mirêng pawartosipun Amral sakalangkung suka, sang prabu gêntos amaringi pawartos dhatêng Amral, yèn Ki Môndaraka pêjah, Amral sangêt ngungun. Sang nata ngandika malih dhatêng Amral sarta para dipati sadaya, Amral utawi bocah ingsun kabèh, ing mêngko karsaningsun Si Nrangkusuma sun gawe pêpatih anggêntenana Si Môndaraka, lan Si Ônggawôngsa sun gawe bupati ing Surabaya, sun paringi jênêng Tumênggung Jangrana, Amral inggih jumurung ing karsanipun sang nata, nuntên sami bibar amasanggrahan.

Enjingipun sang nata parentah bidhal, badhe anggêbag ing Kadhiri, kathahing bala tanpa wilangan. Ingkang dados cucuking baris para bupati, bala Kumpêni wontên ing ngarsanipun sang prabu cakêt.

Kacariyos Trunajaya kang wontên ing Kadhiri, botên pisan-pisan yèn èngêta ing jangjinipun utawa samêja anungkul. Malah badhe amêthuk prang, Trunajaya sampun parentah anata bala, sarta amatah kang pancèn wontên ing ngajêng tuwin ing wingking punapa dene ing kiwa têngênipun. Sarêng sampun rakit lajêng bidhal saking kitha lan sabalanipun, andalêdêg kados toya mêdal saking rong, abaris sawetaning bangawan palabuhan. Trunajaya lênggah sapinggiring bangawan sarta pinayungan [pina...]

--- 351 ---

[...yungan] kinubêng ing prajurit anama tiyang sêsêliran, kathahipun sèwu wolung atus, sami asikêp waos tuwin sanjata, sarta sampun sami angatos-atos. Botên dangu gêgaman ing Mangkuratan dhatêng wontên sakilèning banawi, agamêng kados mêndhung utawi ambalabar kados toya, angêbêki ara-ara tuwin wana, sampun sawang-sinawang kalihan mêngsah, Amral nuntên matur ing sang prabu, sinuhun, banawi punika prayogi kadamêlna sasak. Sabab toyanipun sakalangkung lêbêt sarta wiyar, botên kenging dipun sabrangi, sang nata enggal parentah adamêl sasak, balanipun para bupati inggih enggal sami tumandang. Trunajaya sarêng sumêrêp lajêng sêsumbar saking sawetaning banawi cakêt. Hèh wong Mataram, payo majua, yèn wong prang ngêntèni sasak, iku dudu trahing prawira, Raja Mataram iku dakupamakake têngu, pucukane manèh yèn lêgia, sanajan bongkote ing biyèn ya adhêm bae, sabab raja trahing wong têtanèn, angur macula bae bari angona sapi, amêsthi seje lan Trunajaya, aku trahing prajurit kang luwih digdaya, kang aran Jaran Panolèh iku kang nurunake aku, wis misuwur ing kêndêl sarta digdayane. Sang prabu sampun ingaturan uninga, yèn Trunajaya taksih sêsumbar, sang nata sakalangkung duka, lajêng nitih kuda sumêja majêng ing prang,

--- 352 ---

para bupati lan sabalanipun enggal majêng anggêbyur banawi, Amral angabani Kumpêninipun angrutug ing sanjata, nanging mimisipun botên dumugi sawetan banawi andhawahi kancanipun piyambak, kathah kang sami kenging ing mimis. Ki Tumênggung Endranata enggal mêntas saking toya lajêng anyandhak tanganipun Amral sarwi wicantên. Amral, kowe iki mungsuh apa kônca, dene mimismu oleh kancaku dhewe, Amral lajêng angrêrêpa, sabab botên sumêrêp, yèn mimisipun cupêt. Endranata sampun wangsul anggêbyur banawi sarta para dipati sabalanipun sumêja ngrangsang mêngsah, bala Maduntên sakeca ênggènipun anadhahi saking sapinggiring toya, bala Mangkuratan kathah kang pêjah dening toya tuwin dening gêgaman. Sang nata sarêng aningali balanipun kathah pêjah, lajêng nyamêthi kuda tumut anggêbyur ing banawi, kala samantên bangawan palabuhan toyanipun lajêng ical kang kalih duman sami sakal. Sarta lajêng kenging dipun sabrangi, bala Mangkuratan sampun sami nyabrang sadaya, lajêng campuh prang rame, bala Kumpêni botên kèndêl-kèndêl sanjatanipun. Mêngsah rewang kathah kang pêjah, Mangkuyuda ing Sampang sarta Dhandhang Wacana sampun pêjah dening Mangkuyuda ing Kêdhu, bala Maduntên kathah kang pêjah, lajêng dhadhal angungsi biting sarta inêp kori, bala Mangkuratan anglud. Korining bètèng [bè...]

--- 353 ---

[...tèng] sampun jêbol dipun dhupak dhatêng Mangkuyuda ing Kêdhu, lajêng katadhahan apêrang kalihan Darmayuda ing Sampang, sampun sami pêjah sampyuh wontên ing kori kalih pisan. Bala Kumpêni sarta para bupati sabalanipun sampun sami lumêbêt ing bètèng, tiyang Maduntên tuwin Makasar sampun sami lumajêng, Trunajaya sagarwaputranipun lumajêng angungsi ing rêdi Antang, balanipun amung sakêdhik kang tumut dhatêng sapucaking rêdi, Sang Prabu Mangkurat lajêng rêrêp wontên ing biting ngriku kalih dalu, kala bêdhahe kitha ing Kadhiri sinêngkalan 1601.

Sang prabu lajêng bidhal lan sabalanipun nêlasah palajêngipun Trunajaya, lampahipun sampun dumugi ing Payak sangandhaping rêdi Antang, amasanggrahan wontên ing ngriku, sang nata lajêng parentah angêpung rêdi Antang sarta parentah dhatêng Ki Tumênggung Jangrana, andikakakên ngubrês tiyang Makasar, kang sami ngungsi ing rêdi Sampura, lan Ki Ônggajaya andikakakên nanêm bupati wontên ing Pasuruan, sarta andikakakên nimbali Ki Dipati Cakraningrat kang wontên satêngahe wana Lodhaya, Ki Jangrana wau kêkanthenan tiyang Kumpêni sabrêgada, Ki Jangrana lan sabalanipun sarta Kumpêninipun sabrêgada lajêng bidhal.

Kacariyos Ki Cakraningrat kang dados sêsakitan wontên ing Lodhaya, awit saking pandamêlipun Trunajaya,

--- 354 ---

mila botên dipun pêjahi, sabab punika pamanipun. Panêjanipun Truna ingkang paman wau supados pêjaha dening dubriksa,drubiksa. nanging Cakraningrat taksih wilujêng, kala samantên sampun midhangêt pawartos, yèn Trunajaya sampun kawon prangipun dening Sang Prabu Mangkurat. Cakraningrat lajêng dandos lan saanakbojonipun, sumêja sowan ing sang prabu, nuntên mangkat saking wana Lodhaya, wontên ing margi kêpêthuk kalihan Ki Tumênggung Jangrana, lajêng sami rêrangkulan. Ki Jangrana sanjang, yèn andikakakên nimbali piyambakipun. Nuntên sami mangkat ungkur-ungkuran. Ki Tumênggung Jangrana lajêng dhatêng ing rêdi Sampura, nanging tiyang Makasar kang sami wontên ing ngriku sampun sami kesah dhatêng ing Bali, Ki Jangrana lajêng dhatêng Pasuruan, anêtêpakên Ki Ônggajaya dados bupati ing ngriku, tiyang Pasuruan inggih botên wontên tiyang kang suwala, Ki Jangrana tumuntên wangsul dhatêng pasanggrahan ing Payak. Dene Ki Cakraningrat wau inggih sampun sowan ing sang prabu, lajêng ngabêkti sarta anangis. Sang nata alon angandika, adhi, wis aja nangis, ing mêngko nagara ing Sampang sun paringakên ing sira manèh, nanging sira sun paringi pagawean, bujukên Si Trunajaya ana ing gunung Antang, poma dikêna, Cakraningrat matur sandika lajêng mangkat. Kala samantên tiyang Maduntên tuwin tiyang ing Sampang sampun kathah kang sami nungkul dhatêng Ki Cakraningrat. [Cakraningra...]

--- 355 ---

[...t.] Dados Ki Cakraningrat wau samangke sampun kathah balanipun.

Kacariyos Trunajaya kang wontên sapucaking rêdi Antang kalihan para garwanipun. Garwanipun Trunajaya punika putri ing Matawis, ingkang rayi dening Sang Prabu Mangkurat, anama Radèn Ayu Kalêting Wungu kalihan Kalêting Kuning, kala bêdhahipun nagari Matawis putri kêkalih wau punika kantun wontên ing kadhaton, lajêng dipun boyong dhatêng tiyang Maduntên, kaaturakên ing Trunajaya kadamêl garwa, ingkang sampun kagarwa dhatêng Trunajaya ingkang sêpuh, kang anama Radèn Ayu Kalêting Wungu, dene ingkang anèm kang nama Kalêting Kuning, pangangkahipun Trunajaya badhe kawayuh sami sadulur, nanging putri lumuh sangêt, dipun pilalah pêjah, kala samantên sang putri tansah anangis, sabab sampun kawandasa dintên botên dhahar sêkul lan botên ngunjuk toya, sarta sami anênutuh ing solahipun Trunajaya kang sampun kalampahan. Dene botên rumaos yèn tiyang alit, amêksa kêdah jumênêng nata, ing mangke anêmahi papa. Trunajaya inggih lajêng rumaos ing kalêpatanipun, angrêrêpa dhatêng garwanipun. Sang putri wicantên malih, yèn dika êmpun rumôngsa luput, dawêg padha seba ing sang prabu anyuwun pangapura, lan kira kula kakang prabu botên kolu matèni marang dika, amêsthi

--- 356 ---

wêlas marang kula, yèn dika botên gêlêm, kula bakal sowan dhewe. Trunajaya sarêng mirêng wicantêne kang garwa lajêng tumut anangis sarta wicantên. Nimas, aku ya nurut marang karêpmu, nanging kowe sebaa dhingin. Ngaturna pati uripku, sarta aku suwuna pangapura, dene aku ya tumuli nusul. Nuntên kasaru wontên tiyang Madura dhatêng sarta êmbêkta sêrat, utusanipun Ki Cakraningrat. Sêrat sampun tinampèn sarta winaos dhatêng Trunajaya, suraosing sêrat animbali dhatêng Trunajaya, wondene kalêpatanipun dhatêng sang prabu, Ki Cakraningrat sagah anyuwunakên pangapuntên, utawi yèn ngantosa kapêjahan inggih Cakraningrat ingkang ananggêl. Trunajaya sasampuning maos sêrat sakalangkung suka manahipun, angraos yèn awèt gêsang, nuntên kang garwa dipun kèn mudhun rumiyin, katitihakên ing tandhu, kairingakên tiyang Maduntên abdinipun Ki Cakraningrat nêmbêlas, abdinipun piyambak sampun têlas minggat sadaya, sang putri sampun tumurun saking rêdi, bala kang sami ngêpung kagèt sadaya aningali tandhu mudhun saking nginggiling rêdi, dangu-dangu sami sumêrêp yèn Radèn Ayu Trunajaya, lajêng sami dipun tonton kemawon. Ki Cakraningrat inggih tumut andhèrèkakên sang putri, sampun dumugi ing pasanggrahan, sang putri lajêng ngabêkti ing sang prabu sarta anangis. Akathah-kathah

--- 357 ---

sêsambatipun, sang nata alon angandika, yayi, wis aja nangis, amupusa yèn wis takdiring Allah ing lêlakonmu iku, balikan bojomu samêngko ana ngêndi, sarta kapriye kang dadi kaniyatane, kowe bêlakaa bae. Sang putri matur, kakang prabu, rayi dalêm taksih wontên sanginggiling rêdi, kula punika inggih dipun kèngkèn angaturakên tobat, solahipun kang sampun kalampahan, mugi panjênêngan dalêm apuntêna, sêmangke inggih taksih angêntosi têrangipun dhawah dalêm. Sang nata lajêng angandika dhatêng Ki Cakraningrat. Adhi Cakraningrat, sira munggaha ing gunung, papagên Si Trunajaya, môngsa bodhoa sira, Cakraningrat matur sandika, lajêng mangkat sabalanipun lan Ki Tumênggung Suranata, sampun dumugi ing sukuning rêdi, lajêng utusan manginggil, sampun kêpanggih kalihan Trunajaya, utusan matur, yèn ingkang paman sampun wontên ngandhap angêntosi piyambakipun. Trunajaya enggal tumurun saking rêdi sarta panakawanipun tiyang pitung dasa, sami barundhulan sadaya, gêgamanipun sami dipun bongkoki, kagotong wontên ing ngajêng, sadhatêngipun wontên sangandhaping rêdi, kêpanggih kalihan Ki Cakraningrat. Trunajaya lajêng ngabêkti dhatêng ingkang paman. Ingkang paman nuntên angrangkul ing jangganipun ingkang putra sarwi ngandika, thole, sarèhning [sa...]

--- 358 ---

[...rèhning] kowe mêntas kasoran ing prang, ing mêngko kowe sumêja bêkti ing ratu, bêcik nganggoa pratôndha, yèn kowe wis kalah prang, katona ing katêmênamu. Cakraningrat sarwi angêjèpi balanipun. Trunajaya lajêng dipun tubruk, sampun binônda ing cindhe kalihan êmbanipun satunggil anama Sêcagora inggih sampun binônda, Trunajaya tuwin Sêcagora botên sumêja polah, anurut kemawon. Cakraningrat angandika dhatêng Trunajaya, thole, aja kuwatir atimu, yèn ana dêdukane sang prabu marang kowe, aku kang amalangi, Trunajaya matur, paman kula, sumôngga ingkang dados karsa sampeyan, môngsa amriha ing awon kula.

Ki Cakraningrat lajêng bidhal saking ing ngriku sarta ambêkta Trunajaya, nuntên angrumiyinakên utusun, angaturi uninga ing sang prabu, yèn Trunajaya sampun kabêkta babêstan. Sang nata sarêng mirêng sakalangkung suka, nuntên ngandika bisik-bisik dhatêng abdi èstri, andikakakên angarih-arih dhatêng Radèn Ayu Trunajaya, sarta kabêktaa sumingkir saking dalêm ing pasanggrahan, pawongan matur sandika. Sang nata nuntên parentah dhatêng Amral tuwin para bupati, andikakakên sami baris ngurung-urung margi, angurmatana ing dhatêngipun Trunajaya, balanipun para bupati tuwin bala Kumpêni inggih

--- 359 ---

sampun sami baris urut lêlurung. Trunajaya tumuntên dhatêng, lajêng dipun urmati ungêling sanjata sarta mariyêm ambal-ambalan. Gamêlan sarta tambur kados angarak pangantèn. Trunajaya apucatapucêt. ulatipun, ing batos sangêt ênggènipun kaduwung, katawis ing netra. Sadhatêngipun ing ngajêngan alênggah tumungkul. Sang prabu angandika, adhi Trunajaya, bagea satêkamu, ênggonira lungguh dikapara maju, Trunajaya nyêmbah aturipun nuhun. Sang nata ngandika malih, adhi Trunajaya, ujar ingsun luwarana, sarèhning ingsun ora duwe ujar loro, ya ing saiki ya ing biyèn padha bae, dene jangjiningsun ing biyèn, ing samangsane wis arjaning jaman, ingsun ing jêro sira ing jaba, ingsun darma bae jumênêng nata, bang-bang alum-aluming tanah Jawa kabèh sira kang anguwasani, ing mêngko paparentahan ing tanah Jawa sira tampanana, môngsa bodhoa sira, supaya luwara punaginingsun. Trunajaya botên purun tampi, pangandikanipun sang prabu ngantos ambal kaping tiga, nanging Trunajaya inggih botên purun tampi, akèndêl kemawon. Pangeran Silarong wicantên. Trunajaya, genea kowe anampik ing sihe sang prabu, yèn kowe trahing wong prawira amêsthi anampani, kajaba yèn kowe trahing wong kumpra iku ora gêlêm anampani, [anampa...]

--- 360 ---

[...ni,] lan ing ngêndi ana wong bêcik cidra ing jangji, Trunajaya nyêmbah lajêng anampèni ing pasrahipun sang prabu, sang nata angandika malih dhatêng para bupati sadaya, bocah bupati kabèh, padha anêksenana yèn ing punaginingsun wus luwar, ing tanah Jawa wis katampan marang Si adhi Trunajaya. Sang nata lajêng angandika dhatêng Trunajaya, punaginingsun kèri siji, ing mêngko sira luwarana, kalane ingsun ana ing nagara Têgal, ingsun duwe punagi, kris ingsun Kyai Bêlabar iki ora ingsun salini wrôngka, yèn durung ingsun wrangkakake ing jajanira. Para bupati sarêng mirêng timbalanipun sang prabu anggraita sadaya, Trunajaya lajêng dipun dhêdhabyang, kacaosakên ing ngarsane sang prabu cakêt. Sang nata enggal têdhak saking ing dhêdhampar sarta anarik wangkingan, lajêng anyuduk dhatêng Trunajaya jaja têrus ing gigir, rahipun sumêmbur, para bupati lajêng sami tumut ngarocok ing dhuwung, tuwin para abdi kang sami cakêt anggènipun linggih, jisimipun Trunajaya sampun ajur rontang-ranting. Sang nata ngandika dhatêng para dipati, bocah ingsun bupati, padha mangana atine Si Trunajaya kabèh, para bupati enggal sami angêdum ati, kaduman nyakuku, lajêng sami dipun untal. Sang nata akèn andangu dhatêng êmbanipun Trunajaya, kang nama Sêcagora, mênggah Panêmbahan Kajoran sêmangke wontên ing pundi, atur wangsulanipun [wangsulanipu...]

--- 361 ---

[...n] Sêcagora, Panêmbahan Kajoran kesah dhatêng sonya sirna, Ki Sêcagora wau kêdah tumut pêjah ing gustinipun, inggih sampun pinêjahan. Anuntên Ki Tumênggung Jangrana kalihan Tumênggung Ônggajaya dhatêng saking Pasuruan, inggih lajêng kadhawahan tumut nyuduki, priyantun kêkalih wau inggih enggal anyuduki bathang ing sakantunipun, sarta sami awêwadhak gêtih, sirahipun Trunajaya sampun kakêthok, sinandhing lênggah wontên sangandhaping dhampar, sang nata kondur amasanggrahan, sirahipun Trunajaya inggih binêkta, sawarninipun abdi èstri kang badhe sami tilêm ing dalu, andikakakên sami kêkesadkêkèsèd. ing sirahipun Trunajaya, sarêng enjing sirah wau lajêng andikakakên dhêplok ing lumpang, inggih sampun ajur. Radèn Ayu Trunajaya sarêng sumêrêp ingkang raka pêjah, sangêt anggènipun muwun, angundhat-undhat ing sang prabu, dene Trunajaya sampun tobat têka pinêjahan. Sang nata lajêng angrêrapu dhatêng ingkang rayi, sarta sagah badhe amaringi lintunipun. Radèn Ayu Trunajaya sampun amiturut dhatêng ingkang raka sang prabu.

Ing wanci enjing sang nata miyos sinewaka, anjunjung lênggah anakipun Ki Mangkuyuda ing Kêdhu, kang nama Ki Lêmbu lan Ki Buwang, Ki Lêmbu kadadosakên bupati ing Kêdhu, kaparingan nama Tumênggung Mangkuyuda, Ki Buwang dados sisihipun [si...]

--- 362 ---

[...sihipun] kaparingan nama Tumênggung Natayuda, sang nata lajêng parentah badhe bidhal dhatêng ing Surabaya, sarêng sampun samêkta nuntên bidhal lan sabala sadaya, sarawuhipun ing Surabaya lajêng amasanggrahan. Sarta angujung dhatêng ing astana Ngampèl. Pangeran ing Lamongan kagêmpalakên siti sèwu ing Surabaya dados ing lênggahipun.

Sang nata nuntên adhêdhawah dhatêng Radèn Mangunjaya, kautus dhatêng ing Giri anyuwun idi ênggènipun jumênêng nata dhatêng sang pandhita sarta nyuwun dhuwung wasiyat ing Giri, kang nama Kyai Kalam Munyêng, Radèn Mangunjaya enggal lumampah, sampun kêpanggih kalihan sang pandhita, andhawuhakên timbalan saha ing pamundhutipun sang prabu, sang pandhita lajêng pitakèn. Mangunjaya, kang jênêng Sunan Mangkurat iku sapa, apa trah Mataram apa dudu, pawartane wong akèh anake Amral. Iku apa nyata, yèn dhasar trah Mataram ya dakidini ênggone jumênêng nata, yèn nyata anake Amral turuning wong sabrang, aku ora gêlêm angidini. Mangunjaya matur, sang pandhita, makatên punika kula botên sumêrêp. Sayêktosipun kula punika kèlu ing tiyang kathah kemawon. Dene priyayi Matawis kathah kang sami suwita, mênggah ing pawartosipun inggih yêktos tiyang saking sabrang, dipun êmbani dhatêng Amral. Panêmbahan ing Giri ngandika, yèn mêngkono, Mangunjaya, kowe wis muliha [muli...]

--- 363 ---

[...ha] bae, aku suthik seba ing ratumu, angidini aku ya ora gêlêm. Krisku dijaluk aku ora awèh. Radèn Mangunjaya lajêng pamit mantuk. Sadhatêngipun ing Surabaya sampun katur ing sang prabu, punapa ing sawicantênipun sang pandhita. Sang nata mirêng aturipun Radèn Mangunjaya sakalangkung duka, lajêng angundhangi bala sumêja nglurug dhatêng ing Giri, lampahing baris sampun dumugi ing Giri, lajêng campuh prang, tiyang ing Giri watawis kawan atus, sampun tumpês sadaya, nuntên wontên santana ing Giri nama Radèn Singasari sakalangkung têguh, lajêng ngamuk kalihan dhuwung, dipun sanjatani sarta dipun waosi botên pasah, Panêmbahan Natapraja ing Adilangu enggal amêthukakên pangamukipun Radèn Singasari, Radèn Singasari sampun kawaos, kenging jajanipun têrus ing gigir lajêng pêjah, wajanipun taksih ngawêt ing lathi, sarta astanipun taksih anggêgêm ukiraning dhuwung, dipun wêngkang botên kenging, kang sami aningali eram sadaya, Amral agèdhèk-gèdhèk. Sang pandhita sampun kacêpêng, lajêng dipun lawe sampun pêjah, rajabrananipun sampun karayahan tuwin dhuwung Kyai Kalam Munyêng, sarta putranipun èstri sang pandhita kapundhut ing sang prabu kadamêl garwa, sang nata lajêng masanggrahan wontên ing Garêsik. Radèn Mangunjaya kajunjung lênggah bupati ing Sumênêp. Kapatêdhan nama Pangeran Cakranagara.

--- 364 ---

Enjingipun sang prabu nuntên bidhal, sumêja dhatêng ing Samawis mêdal ing Garobogan. Lampahing bala angêbêki lêlurung tuwin ara-ara, sampun dumugi ing Samawis lajêng masanggrahan.

Kacariyos wontên tiyang ing Samawis anama Ki Buyut Kalaweyan agadhah anak jalêr satunggil anama Martanaya, punika ing nalikanipun sang prabu mangkat saking Têgal badhe dhatêng Japara mêdal ing laut. Ki Buyut Kalaweyan asêsêgah wowohan warni-warni, wontên ing laut sang nata pinuju kasatan, lajêng adhahar wowohan sêsêgah wau, sang prabu ênggènipun dhahar rumaos nikmat sangêt. Lajêng adhêdhawah dhatêng kyai buyut. Yèn sang prabu ing benjing sampun unggul prangipun, ki buyut kadhawahan sowan malih, ing sarawuhipun sang prabu wontên ing Samawis punika, ki buyut sarta anakipun inggih sampun sowan. Lan ambêkta sêsêgah wowohan. Sang nata sarêng aningali ing ki buyut lajêng ngandika dhatêng para bupati, bocah bupati kabèh, padha anêksenana, yèn anake ki buyut kang jênêng Si Martanaya ing samêngko sun gawe bupati ing Samarang, ingsun paring jênêng Mas Rôngga Yudanagara, para bupati sami saurpêksi sadaya, ki buyut sarta anakipun lajêng sami sujud ing siti, sangêt bingahing manahipun atampi ganjaran.

--- 365 ---

Sang nata nuntên pirêmbagan ngupados papan, badhe kadamêl kadhaton. Para dipati sami matur, prayogi ing Tingkir, wontên ingkang mrayogèkakên ing Logêndèr, sang nata dèrèng karsa, Ki Dipati Urawan nuntên matur, gusti, prayogi ing Wanakarta kadamêla kadhaton. Sitinipun radin lan jêmbar polatan. Kalih dene kula angaturi cariyos ing panjênêngan dalêm, kala swargi eyang dalêm Kangjêng Pangeran Pêkik ing Surabaya, punika katimbalan dhatêng ing Matawis. Lampahipun wontên ing margi asipêng ing dhusun Butuh, ing dalu sare andêdagan wontên ing astana, lajêng mirêng swara, ujaring swara, thole Pêkik, wêruhanamu besuk yèn bêdhah nagara Mataram, putumu bakal jumênêng nata, kadhaton ing Wanakarta sakuloning Pajang. Sang prabu sarêng mirêng kojahipun Ki Urawan sakalangkung suka ing galih, kapanujon kalihan karsanipun. Lajêng angandika dhatêng Radèn Dipati Nrangkusuma, Nrangkusuma, sira mangkata ing Wanakarta, alase padha babatana, nuli dokokana omah rekanên kadhaton. Ingsun ya tumuli nusul marang sira. Nrangkusuma aturipun sandika lajêng mangkat lan sabalanipun, sampun dumugi ing Wanakarta, nuntên binabadan rineka sampun totragatra. kadhaton. Sang prabu inggih sampun bidhal saking Matawis, lan sabala sadaya tuwin Amral sa-Kumpêninipun. [sa-Kumpêni...]

--- 366 ---

[...nipun.] Lampahipun sang prabu sampun dumugi ing Wanakarta, lajêng angadhaton pinuju ing dintên Rêbo Pon, tanggal kaping 27 wulan Ruwah ing taun Alip, ôngka 1603. Ing Wanakarta kaêlih namanipun. Kanamakakên nagari ing Kartasura Adiningrat.

Sang nata lajêng utusan sarta mawi sêrat, animbali ingkang rayi Kangjêng Susuhunan ing Ngalaga kang angadhaton ing Palèrèd. Utusan lajêng mangkat agêgancangan.

Kacariyos Sang Prabu Ngalaga, enjing panuju miyos sinewaka, bala ing Matawis pêpak sowan sadaya, Ki Dipati Arya Môndhalika matur, sinuhun, kula mirêng pawartos, yèn raka dalêm Kangjêng Pangeran Dipati Anom samangke sampun jumênêng nata abêbala tiyang sabrang warni-warni, malah pun Trunajaya samangke sampun pêjah, amargi kagêbag ing prang ing raka dalêm. Nanging wontên ingkang amastani yèn anakipun Amral, pinindha-pindha raka dalêm. Supados tiyang satanah Jawi suyuda sadaya. Sang nata angandika, apa pratandhane yèn kang jênêng Sunan Mangkurat iku dudu kangmas. Môndhalika matur, dedenipun dene sabên dintên angagêm cara Wêlandi, sarta rintên dalu inggih botên pisah kalihan Kumpêni, nanging tiyang ing kadospatèn rumiyin inggih taksih ngabdi ing Sang Prabu Mangkurat. Punika [Puni...]

--- 367 ---

[...ka] ingkang anelakakên, yèn yêktosipun raka dalêm. Sang Prabu Ngalaga sarêng mirêng sakalangkung èmêng ing galihipun. Lajêng ngandika dhatêng para bupati, bocah ingsun kabèh, dipadha angati-ati, padha ambêcikana gêgamaning prang, karo dene Sunan Mangkurat iku ingsun kira dudu kangmas. Sabab kangmas wis lunga khaji marang ing Mêngkah, sanajan nyataa kakang mas ingsun ya ora lila jumênêng nata amêngku ing tanah Jawa kabèh, krana dene anganthi marang wong kapir, amêsthi bakal agawe rusaking wong tanah Jawa kabèh. Para abdi sadaya asaur pêksi. Sawêg eca imbal wacana, kasaru dhatêngipun utusan saking Kartasura, sarta mawi sêrat. Sampun tinampèn lajêng winaos, suraosing sêrat Sang Prabu Mangkurat animbali Sang Prabu Ngalaga, sabab lami botên pinanggih, sangêt ing kangênipun. Sang Prabu Ngalaga nuntên ngandika dhatêng utusan. Kongkonan, sira mulia, prakara ênggon ingsun ditimbali dakpikire dhisik. Utusan inggih lajêng pamit mantuk dhatêng ing Kartasura, Sang Prabu Ngalaga taksih pirêmbagan lan para nayakanipun. Sang nata angandika, bocah bupati kabèh, kapriye kang padha dadi pirêmbugira, sarèhning ingsun ditimbali marang ing Kartasura, apa ingsun tumuli seba apa ora. Arya Môndhalika matur, gusti, raosipun ing manah kula botên sakeca, [sake...]

--- 368 ---

[...ca,] bilih saking guna-gunaning Kumpêni adamêl reka, tiyang sabrang kaawadakên raka dalêm. Pangeran Natakusuma sumambung matur, sinuhun, prayogi tumuntêna sowan, mokal yèn punika dedea raka dalêm. Sabab tiyang pasisir sampun puyudsuyud. sadaya, kalih dene abdinipun raka dalêm ingkang lami-lami samangke inggih taksih sami ngabdi sadaya, punika pratandhanipun yèn yêktos raka dalêm. Arya Môndhalika wicantên. Ah punika botên makatên, sabab Sunan Mangkurat punika awarni Wêlandi, rak saking sagêdipun tiyang Kumpêni, supados tiyang Jawi suyud sadaya. Para bupati sadaya iyêg, sami ambiyantoni aturipun Arya Môndhalika, sang prabu sangsaya èmêng ing galihipun. Dene para bupati sami pradongdi ing rêmbug. Anuntên ngandika dhatêng Pangeran Natakusuma, paman Natakusuma, jêngandika dhatênga ing Kartasura, amaspadakna ing warninipun Prabu Mangkurat. Punapa sayêktos kakang mas punapa dede, lan Si Natabrata dika bêkta, anglugasa raga kemawon. Pangeran Natakusuma lan Pangeran Natabrata matur sandika lajêng mangkat. Sampun dumugi ing Kartasura.

Sang Prabu Mangkurat pinuju miyos sinewaka, andangu abdinipun kang kautus saking Matawis. Utusan wau inggih sampun matur ing sawawêlingipun ingkang rayi, Sang

--- 369 ---

Prabu Mangkurat sarêng mirêng aturipun ingkang abdi, sakalangkung ngungun. Kasaru dhatêngipun Pangeran Natakusuma lan Natabrata, lajêng sami sowan ing ngarsanipun sang prabu, sang nata sakalangkung kagèt, sarta ngandika, lo paman Natakusuma lan Si Natabrata padha têka, sokur paman jêngandika taksih wilujêng, punapa putra dika adhi mas sami wilujêng, lan punapa dika ingutus adhi mas. Pangeran Natakusuma matur, sinuhun, kula punika dipun utus ing rayi dalêm, sabab Panjênêngan dalêm punika kawartos, yèn anakipun Amral. Mila rayi dalêm botên purun sowan. Sang Prabu Mangkurat sarêng mirêng nuntên gumujêng sarwi angandika, yèn mêngkotên paman, prayogi tumuntên dika wangsul dhatêng ing Matawis, dika matur yèn sayêktos kula kang jumênêng nata, adhi mas dika aturi enggal mriki, kula sêlak kangên. Pangeran Natakusuma matur sandika, lajêng wicantên dhatêng Pangeran Natabrata, Natabrata, enak kowe bae muliha, matura ing sang prabu yèn nyata ingkang raka kang jumênêng nata, poma aturmu sing têrang, dene aku suthik mulih, sabab sang prabu môngsa wurunga mrene, aku mundhak wira-wiri. Pangeran Natabrata matur sandika, lajêng mangkat, sampun dumugi ing Matawis. Sang Prabu Ngalaga pinarak ing sitiinggil, ingadhêp balanipun sadaya, Natabrata inggih lajêng sowan. Nanging sampun [sa...]

--- 370 ---

[...mpun] dilalah kala samantên Pangeran Nata adamêl dora cara, aturipun. Gusti kula inggih sampun amaspaosakên ing warninipun Sang Prabu Mangkurat, nanging kêdhik iribipun raka dalêm, kados sayêktos anakipun Amral. Dene pun paman Natakusuma botên purun mantuk, lajêng suwita ing raja Kumpêni. Sang nata sarêng mirêng sangsaya putêk ing galih, Ki Môndhalika matur saha sêmbah, gusti, kadospundi ingkang dados karsa dalêm. Yên mênggah pamanah kula prayogi botên sowan. Sabab panjênêngan dalêm sampun jumênêng nata, yèn têluka tanpa karana dados ngisin-isini ing tiyang kathah, kalih dene nama dalêm susunan amêsthi badhe ical. Panjênêngan dalêm amêsthi badhe nama pangeran kemawon. Punapa malih prikônca kula para bupati saèstu badhe ical namaning bupati, botên wande sami dados tiyang alit sadaya, saupami prikônca kula bupati yèn ngantosa ical namanipun, sami dipun pilalah pêjah prang kalihan tiyang Kumpêni. Para dipati inggih lajêng sami iyêg. Ambiyantoni aturipun Ki Môndhalika. Sang Prabu Ngalaga sarêng karoban ing pabangusipun para bupati, lajêng madêg suraning galih, krondhanipun andhatêngi, anuntên parentah angundhangi bala, angrakit gêgamaning prang, sumêja anggêpuk ing Kartasura. [Karta...]

--- 371 ---

[...sura.]

Gêntos kacariyos Sang Prabu Mangkurat, sampun ingaturan uninga dhatêng balanipun. Yèn ingkang rayi ing Mataram saèstu mogok. Sampun angrakit gêgamaning prang, awit kenging pambangusing abdinipun para bupati, Sang Prabu Mangkurat sakalangkung ngungun. Lajêng parentah angrakit gêgaman dhatêng Amral tuwin dhatêng para bupati, sang prabu badhe tindak piyambak. Bala ing Kartasura sampun sami ngalêmpak. Bala Kumpêni abaris ing alun-alun. Tamburipun tansah brang-brangan. Bala pasisir tuwin môncanagari angêbêki lêlurung. Dene Sang Prabu Mangkurat inggih sampun angrasuk busana cara Wêlandi akêkaos lan sêpatu, alancingan panji- panji, rêrasukanipun lapis tiga, bêlah ing jaja baludru rinenda mas. Angagêm badhong mas susun tiga, tinarètès ing sêsotya, sarta angagêm karêpus. Têpiyonipun sigar jangkang, tinatrapan ing mas jingga, anyuriga pêdhang usar, binêrayut ing renda mas. Sang Prabu Mangkurat yèn dipun sawang kados gurnadur jendral angêjawi, sang nata nuntên bidhal. Gumuruh swaraning bala awor swaraning tambur tuwin salomprètipun tiyang Kumpêni, sang nata nitih turôngga, binusanan cara Wêlandi, lampahipun dumugi ing dhusun Malinjon, amasanggrahan wontên ing ngriku, dene pangajênge ing baris sampun [sa...]

--- 372 ---

[...mpun] dumugi ing Taji tuwin ing Parambanan.

Wondene Sang Prabu ing Ngalaga inggih sampun ingaturan pariksa, yèn gêgaman ing Kartasura dhatêng, pangajênging baris sampun nocok ing Taji, kathahing bala tanpa wilangan. Sang Prabu Ngalaga nuntên parentah ambudhalakên gêgaman. Kang dados têtindhihipun bala ing ngajêng Arya Môndhalika, kalih Tumênggung Gajah Pramoda, sang nata anindhihi bala ing wingking sarta nitih kuda, sang prabu dhasar bagus dêdêgipun pidêgsa, karêngga dening busana, kala samantên sang nata sawêg yuswa tigang dasa taun, mêmpêng ing kakêndêlan. Lampahipun sampun dumugi ing Kaliajir, pangajênging baris sampun campuh ing prang wontên ing Kalibêning, arame prangipun. Sang Prabu Ngalaga nuntên atilar upacara kaprabon, anyandêr dhatêng ing ngajêng, anindhihi balanipun kang sampun prang wontên ing ngajêng, dene ingkang dipun ayap upacara kaprabon, Pangeran Panular, bala ing Kalagan sarêng sami aningali gustinipun nindhihi prang piyambak. Lajêng gumulung sarêng angamuk. Bala ing Kartasura anadhahi, kathah kang pêjah, sami gila nuntên dhadhal sami ngungsi baris ing wingking, sampun katur ing Sang Prabu Mangkurat, yèn balanipun kang dados pangajêng kawon prangipun. Sang nata sangêt ngungun, lajêng ngandika dhatêng bupati, adhi mas wis lali têmênan marang ingsun, besuk manawa

--- 373 ---

adhi mas katon angawaki prang, bocah ingsun padha piyaka bae, supaya têkaa ing ngarsaningsun. Sang Prabu Mangkurat anuntên parentah anabuh tangara majêng ing prang, bala Kalagan anadhahi, arame prangipun, utawi kang sami dados panjawat kiwa têngên inggih sakalangkung rame prangipun. Bala Kalagan tuwin bala Mangkuratan kathah kang pêjah, nanging kathahing bala jitus. Upaminipun bala Kalagan satunggil, bala ing Mangkuratan satus. Ewadene bala ing Mangkuratan inggih kathah kang pêjah, sabab bala ing Kalagan sami sangêt kêndêlipun, amargi gustinipun anindhihi prang piyambak. Sang Prabu Ngalaga wau lajêng sami dipun aturi dhatêng balanipun para bupati, kapurih kondura, angatos-atosa wontên salêbêting kitha Palèrèd kemawon. Sang Prabu Ngalaga inggih lajêng kondur, balanipun taksih sami prang rame. Sang Prabu Mangkurat sarêng aningali ramening prang sakalangkung eram, sarta tansah angalêm dhatêng ingkang rayi, dene sagêd angabên prang ing balanipun. Dangu-dangu bala ing Kalagan kathah kang pêjah, Ki Tumênggung Gajah Pramada sampun pêjah kenging mimis kalataka, bala Kalagan dhadhal sami lumajêng sadaya, angungsi kitha Palèrèd. Lajêng sami mapan wontên ing alun-alun. Sarta sami amapanakên mariyêm agêng kêkalih, anama Subrastha, kalih Gunturgêni, bala Kalagan [Kala...]

--- 374 ---

[...gan] sampun sami ngatos-atos. Sang Prabu Mangkurat anglud dhatêng ing Palèrèd. Lajêng têmpuh prang, bala Kalagan anyumêt mariyêmipun ambal-ambalan. Bala Mangkuratan Jawi Wêlandi kathah kang pêjah, bala Kumpêni lajêng malês sami anyanjatani, sakalangkung rame prangipun. Nanging bala Kalagan karoban lawan. Sabab tiyang sakêdhik mêngsah tiyang kathah, Ki Arya Môndhalika bupati ing Kalagan sampun pêjah wontên sajawining alun-alun. Sang Prabu Ngalaga sarêng sumêrêp Ki Môndhalika pêjah sakalangkung duka, enggal nitih kuda sarta amandhi waos Kyai Palèrèd. Lajêng angamuk kalihan bala sakantunipun. Bala Mangkuratan ingkang katrajang kathah pêjah, bala Mangkuratan sarêng sami sumêrêp yèn Sang Prabu Ngalaga angyariranianyarirani. ngamuk. Nuntên sami piyak ngiwa nêngên. Salong sami lumajêng dhatêng wingkingipun ing Sang Prabu Mangkurat. Sang Prabu Mangkurat lajêng parentah dhatêng Amral. Bala Kumpêni andikakakên wontên ing wingkingipun sang prabu, Ki Dipati Urawan enggal matur, sang nata katuran cucul busana cara Wêlandi, angagêm busana cara Jawi kemawon, supados ingkang rayi sampun ngantos pandung, sang nata inggih nurut ing aturipun Ki Urawan, lajêng angagêm busana cara Jawi, sarta angliga sarira, Sang Prabu Ngalaga sarêng cêlak ing panggenanipun ingkang raka angulap-ulap. Tansah amandêng dhatêng ingkang

--- 375 ---

sinongsongan gilap, inggih sayêktos ingkang raka, Sang Prabu Ngalaga lajêng nyêmbah saking sanginggiling kapal. Titihanipun anuntên kaingêr sarta cinamêthi, enggal lumajêng sabalanipun sadaya, atilar kadhaton sumêja dhatêng ing Pagêlèn. Sabab sangêt lingsêmipun dhatêng ingkang raka.

Sang Prabu Mangkurat sarêng aningali ingkang rayi lumajêng, sangêt ing ngungunipun, sarwi anênggak waspa, ngandika salêbêting galih, kapriye yèn aweta mêngkene, amêsthi wong cilik akèh kang padha karusakan. Ora kapenak ênggon ingsun jumênêng nata, adhi mas ya tansah kangelan. Sang Prabu Mangkurat nuntên rêrêb wontên ing kitha Palèrèd sadalu, lajêng aparentah angodhol palajêngipun ingkang rayi, ingkang kadhawahan inggih lajêng mangkat. Ing enjingipun sang nata nuntên bidhal kondur dhatêng ing Kartasura.

Wondene palajêngipun Sang Prabu Ngalaga wau lajêng angungsi ing tanah Salinga, ing ngriku wontên tiyang kraman sampun anglêmpakakên gaman, anama Raja Namrud. Punika ingkang sagah anyirnakakên tiyang Wêlandi, amargi dipun êmpok kemawon, amêsthi tumpês sadaya, Raja Namrud wau lajêng dipun tarimani dhatêng Sang Prabu Ngalaga, sarêng sampun antawis lami Raja Namrud dipun jak ambêdhah ing nagari Kartasura dhatêng sang prabu, nanging

--- 376 ---

Raja Namrud tansah sumados kemawon. Sang prabu sampun kakên galihipun. Anuntên bidhal saking ngriku, lajêng dhatêng ing Pagêlèn. Ingkang taksih wontên ing ngriku Pangeran Pamênang, sabab sagah badhe kajumênêngakên nata dhatêng Raja Namrud. Sang Prabu Ngalaga wau sarawuhipun ing Pagêlèn lajêng akêklêmpak bala, sarêng balanipun sampun kathah nuntên bidhal. Lampahipun sampun dumugi ing dhusun Prapag. Lajêng prang kalihan bala ing Kartasura, bala ing Kartasura lumajêng angungsi ing Palèrèd. Bala Kalagan anglud. Bala Kartasura nuntên lumajêng saking Palèrèd, sumêja sami mantuk dhatêng ing Kartsura, bala ing Kalagan taksih ambêbujêng ngantos dumugi ing Sanggung, lajêng masanggrahan. Sang Prabu Ngalaga parentah angêpung nagari ing Kartasura lan ambêbahakana dhusun kang cakêt nagari.

Sang Prabu Mangkurat sampun ingaturan uninga, yèn ingkang rayi angêpung nagari ing Kartasura, Sang Prabu Mangkurat lajêng parentah ambidhalakên gêgaman. Sang nata inggih têdhak piyambak, lajêng têmpuh prang wontên ing dhusun Jabung, arame prangipun, ananging bala Kalagan prasasat karubuhan rêdi, lajêng dhadhal lumajêng sadaya, anjog ing dhusun Kuwêl. Sang Prabu Ngalaga amasanggrahan wontên ing ngriku, dene Sang Prabu Mangkurat inggih nuntên kondur dhatêng ing Kartasura, sarawuhe ing kadhaton [kadhato...]

--- 377 ---

[...n] enggal animbali Ki Dipati Urawan. Sang nata angandika, Urawan, sira ingsun utus bujukên adhi mas, môngsa bodhoa sira, purihên gêlêm kêtêmu lan ingsun, sira aja ênggawaanggawa. batur, lumakua dhewe bae. Ki Urawan matur sandika, lajêng mangkat, angangge sarwa amoh, ênggènipun mangkat ing wanci dalu, sarêng wanci enjing dumugi ing dhusun Koripan, lajêng momor pakathik ngarit, pinuju pangarit dalêm. Ki Urawan dipun pitakèni dhatêng pangarit dalêm. Kowe gamêle sapa, Ki Urawan amangsuli, aku gamêle Ki Tumênggung Tambakbaya, mêntas digitiki, aku banjur andhêlik mrene, sumêja melu ing kowe ana ing jêroning pasanggrahan dalêm. Yèn aku ana ing jaba manawa kawêruhan marang Ki Tambakbaya, ora wurung aku bakal digêbugi manèh. Gamêl dalêm mirêng wicantêne Ki Urawan sangêt ing wêlasipun. Lajêng dipun jak lumêbêt dhatêng ing pasanggrahan, sarta dipun êkèn nyangking dhêdhak ing godhong, Ki Urawan sampun dumugi ing gêdhogan dalêm. Sang Prabu Ngalaga pinuju têdhak badhe mariksa titihan. Ki Urawan enggal anyungkêmi ing sukunipun sang nata, matur sarwi nangis. Akathah-kathah aturipun Ki Urawan wau, amurih sang nata puruna sowan dhatêng ingkang raka, Sang Prabu Ngalaga sarêng mirêng aturipun Ki Urawan sangêt kumênyut ing galihipun, sarwi angandika asêmu [a...]

--- 378 ---

[...sêmu] waspa, Urawan, wis amênênga aja anangis, ingsun mundhak milu nangis, sarta ingsun ya wis anurut marang aturira, nanging sira muliha dhingin, ingsun ya tumuli seba marang kangmas. Ki Urawan matur, gusti, prayogi panjênêngan dalêm utusana piyambak. Kula benjing sarêng kalihan panjênêngan dalêm kemawon. Sang prabu angandika, Urawan, ya bênêr sira, sang nata lajêng ngandika dhatêng Dêmang Kalêng, Dêmang Kalêng, sira mênyanga ing Kartasura, layang ingsun iki aturna ing kakang prabu. Dêmang Kalêng matur sandika, lajêng mangkat ambêkta rencang pitu, sami kêkapalan sadaya, sadhatêngipun ing Kartasura sang prabu pinuju miyos sinewaka, Ki Dêmang Kalêng lajêng sowan angaturakên sêrat. Sampun tinampèn sarta winaos. Sang nata sasampuning maos sêrat nuntên angandika dhatêng Radèn Nêrangkusuma, Nêrangkusuma, bocah ingsun undhangana kabèh yèn besuk ing dina Soma ingsun bakal mapag adhi mas. Nêrangkusuma matur sandika, Dêmang Kalêng wau inggih sampun kaparingan wangsulan. Enggal lèngsèr saking ngarsanipun sang nata.

Sang Prabu Mangkurat inggih nuntên bidhal sabala sadaya tuwin Amral sakumpêninipun. Kèndêl wontên ing dhusun Sanggung salèring lèpèn. Wondene lampahipun Dêmang Kalêng wau sampun dumugi ing dhusun Kuwêl. Sêrat anuntên kaaturakên ing Sang Prabu Ngalaga, Sang Prabu

--- 379 ---

Ngalaga lajêng angundhangi bala, badhe sumêja sowan ing raka sarta parentah ambongkoki gêgamaning pêrang, sarêng sampun samêkta nuntên bidhal saking Kuwêl. Lampahipun dumugi ing dhusun Sanggung sakiduling lèpèn. Sang Prabu Ngalaga kagèt aningali barisipun tiyang Kumpêni, sarta sangêt ing panglingipun dhatêng ingkang raka, kawastanan pangagênging Kumpêni, lajêng parentah anatasi gêgaman kang sami dipun bongkoki, bala Kalagan enggal sami anyêpêngi gêgamanipun piyambak-piyambak. Bala Mangkurat sarêng sumêrêp, nuntên sami angatos-atos. Ki Urawan enggal angrangkul ing sukunipun Sang Prabu Ngalaga, matur sarwi anangis. Gusti, kadospundi karsa dalêm punika, Sang Prabu Ngalaga ngandika, kae dudu kakang mas, ika amêsthi wong Walônda, kakang mas biyèn warnane ora mêngkono, ingsun suthik yèn nyêmbaha maring wong Walônda, sun pilaur mati. Ki Dipati matur, gusti, yèn mêkatên panjênêngan dalêm kèndêla ing ngriki kemawon sakêdhap. Kula badhe nyabrang mangalèr, mugi kaêntosana, kula inggih nuntên wangsul mriki malih. Ki Urawan sampun nyabrang mangalèr, lajêng matur ing Sang Prabu Mangkurat, kaaturan cucul busananipun cara Wêlandi, angagêma cara Jawi kemawon. Sang nata miturut ing aturipun Ki Urawan, sampun salin busana, Ki Urawan enggal wangsul mangidul, [ma...]

--- 380 ---

[...ngidul,] lajêng matur ing Sang Prabu Ngalaga, gusti, panjênêngan dalêm tingali, sintên ingkang jumênêng salering lèpèn punika. Sang Prabu Ngalaga sarêng aningali sampun botên pandung dhatêng ingkang raka, ingkang rayi nuntên angrungkêbi suku, ingkang raka angrangkul sarwi angaras lungayanipun ingkang rayi, kalih-kalihipun sami muwun. Sabab lami botên pinanggih sangêt ing kangênipun, sarta sami kèngêtan dhatêng ingkang rama swargi, kala samantên sinêngkalan 1604.

Sang Prabu Mangkurat angandika dhatêng ingkang para santana tuwin para bupati ingkang sami andhèrèk wontên ing ngriku, bocah ingsun kabèh, padha ngabêktia marang adhi mas. Para priyantun enggal sami angabêkti gêntos-gêntos. Anuntên Amral saupsiripun sami têtabean gêntos-gêntos. Bala Jawi tuwin Kumpêni sadaya sami bingah manahipun, aningali gustinipun sampun rukun kalihan ingkang rayi, awit sami rumaos yèn badhe botên wontên prang, sang nata sakalihan nuntên bidhal, kondur dhatêng salêbêting nagari Kartasura, lajêng angadhaton. Tiyang kang sami nênonton jalêr èstri jibêg saurut margi, Sang Prabu Anèm sampun pinaringan padalêman pinanggih dados, prênah salèring kadhaton, nanging ing sabên dintên tansah wontên ing kadhaton, namung yèn dalu kemawon kondur dhatêng ing dalêmipun. [da...]

--- 381 ---

[...lêmipun.] Sarêng sampun antawis lami Sang Prabu Ngalaga angaturakên namanipun susuhunan dhatêng ingkang raka, ingkang kalayan suka bingah ing galihipun piyambak, badhe ngangge namanipun lami kemawon. Ingkang raka inggih amarêngi, sarta lajêng kaundhangakên, yèn ing mangke anama Pangeran Dipati Pugêr, kaparingakên lêlênggah siti kawan ewu.

Sang prabu lajêng adhêdhawah dhatêng Ki Tumênggung Mangkuyuda, andikakakên ngalurugi tiyang kraman ing dhusun Salinga, kang nama Raja Namrud kalih Pangeran Pamênang, inggih sampun kalampahan. Raja Namrud lan Pangeran Pamênang sampun sami kacêpêng, lajêng dipun baronjongi kabêkta dhatêng ing Kartasura, nuntên sami dipun pêjahi.

Kala samantên nagari ing Kartasura sampun gêmah rêja, botên wontên prang, tiyang sanagari sami eca manahipun, tiyang padhusunan tulus ênggènipun sami nênandur, Amral sakumpêninipun nuntên sami pamit mantuk dhatêng ing Batawi, inggih sampun dipun lilani dhatêng sang prabu, sarta Amral kaparingan nagari ing Carêbon sarta ing Pasundhan. Dene têlasipun ing obat mimis tuwin balônja salêbêting prang punapa malih rêginipun tiyang Kumpêni kang sami pêjah ing prang sang nata inggih sagah amaringi têtêmpah, sarta Amral anyuwun lilah badhe adamêl loji wontên ing Samawis. Sang nata inggih anglilani, [anglila...]

--- 382 ---

[...ni,] dene ingkang jagi sang prabu Amral inggih anilari Kumpêni kathahipun kawan dasa têtindhihipun kapitan satunggil, lutnan satunggil, alpèrès satunggil. Amral lan sakumpêninipun nuntên bidhal saking ing Kartasura, sadhatêngipun ing Samawis lajêng anitik papan badhe kaadêgan loji, sarêng sampun angsal nuntên mangkat anumpak baita, lastantun dumugi ing Batawi.

Amangsuli cariyos ingkang sampun kalampahan kala bêdhahipun nagari Makasar rumiyin, ing Batawi wontên tiyang satunggil anama Kapitan Pan Bèbèr, agadhah lare bêboyongan jalêr satunggil sawêg umur pitung taun, sae warninipun. Punika lajêng dipun wade dhatêng kapitan Pan Bèbèr wau, ingkang tumbas tiyang Wêlandi anama Kapitan Mur, Kapitan Mur sarêng sampun tumbas lare punika lajêng kathah ing kabêgjanipun, amargi anggènipun dagang, ing lami-lami nuntên minggah ing kalênggahanipun dados mayor, nuntên kumasaris, lajêng dados dêlèr sarta sangsaya sangêt kasugihanipun. Punika pamanahipun Kapitan Mur ênggènipun agêng ing kabêgjanipun sarta kauntunganipun wau, amargi saking lare punika ingkang ambêkta kabêgjan sarta kauntungan, mila lare wau lajêng kanamakakên pun Untung sarta kaakên anak, ingugung sapolahipun. Dene Dêlèr Mur inggih sampun darbe anak nonah satunggil sakalangkung ayu [a...]

--- 383 ---

[...yu] warninipun, kasadhèrèkakên kalihan Ki Untung, sampun sami diwasa ing kalih-kalihipun. Ing lami-lami Ki Untung arêrêmênan kalihan nyonyah, sarta nyonyah kathah pawèwèhipun dhatêng Ki Untung, ing sabarang panjalukipun botên lêpat, dados nyonyah wau tansah angulêri donyanipun Dêlèr Mur, nanging botên kadamêl kasugihan dhatêng Ki Untung, amung kawèwèhakên dhatêng prasanakanipun, inggih sami pudhakingbudhaking. Kumpêni, tiyang Bali, Bugis, Makasar, kathahipun wolung dasa, sami andadosakên ing kasugihanipun, amargi saking pawèwèhipun Ki Untung sarta sampun sami manjing sudarawèdi, tiyang wolung dasa wau sami rumaos kapotangan dhatêng Ki Untung. Kala samantên Dêlèr Mur sampun sumêrêp bilih anakipun nyonyah rêrêmênan kalihan Ki Untung, sarta donyanipun kathah kang ical. Pinuju satunggil dintên ênggènipun rêrêmênan kalihan nyonyah kawênangan, andadosakên nêpsunipun Dêlèr Mur, aningali solah kang botên prayogi, Ki Untung lajêng dipun cêpêng, karangkèt ngantos satêngah pêjah, Ki Untung sêsambatipun tansah mentak ampun. Dêlèr Mur inggih sangêt ing wêlasipun sarta lajêng angapuntên. Sarêng sampun antawis lami Ki Untung rêrêmênan malih kalihan nyonyah, nuntên kauningan dhatêng Dêlèr Mur, Ki Untung enggal dipun cêpêng, kalêbêtakên ing kunjaran, dipun tunggilakên [tunggilakê...]

--- 384 ---

[...n] pasakitan kathah sarta kabêlok. Dene nyonyah wau inggih lajêng kasapu ngantos satêngah pêjah.

Ki Untung ênggènipun wontên ing pambêlokan punika sakalangkung mêmêlas, panunggilanipun kabêlok tiyang sawidak. Sarêng sampun antawis lami, Ki Untung wicantên dhatêng kancanipun kang sami kabêlok. Kônca pambêlokan kabèh, kapriye kang padha dadi pamikirmu, yèn awèt mangkene amêsthi bakal padha mati ana ing pambêlokan. Tiyang pambêlokan sami sumaur, Untung, olèhku padha mikir kapriye, wong wis ora bisa polah mêngkene, rak kaliwat anglêngkara yèn bisaa ucul, kang dhingin bêlokan iki wêsi, bangêt ing santosane, kaping pindho ana sajroning gêdhong, kaping têlu ing jaba dijagani Kumpêni. Ki Untung wicantên, mungguh manawa ana pitulunging Allah marang sawijining wong, bisa anguculi wong kang dibêlok iki kabèh kapriye. Tiyang sêpuh satunggil sumaur, Untung, kowe iki kumaki têmên, aku iki wong wis tuwa, sarta ora mangan-mangan kongsi pitung sasi ana ing kene, parandene ora bisa ucul, bangêt olèhku ngina mênyang kowe. Ki Untung wicantên, ah aku ora rêmbugan karo kowe, wong akèh iku kang daktari. Tiyang ing pambêlokan sami sumaur, iya Untung, manawa ana wong kang bisa nguculi ênggonku dibêlok [di...]

--- 385 ---

[...bêlok] iki, mêsthi dakturut ing saparentahe, sanajan tumêka ing pati ya daklakoni, ala mati ana ing pambêlokan, angur matia prang. Ki Untung sarêng mirêng wicantênipun tiyang kathah, nuntên gumujêng, sarwi ngunus sukunipun saking pambêlokan wêsi, tiyang ing pambêlokan sami cingak sadaya, lajêng sami dipun uculi saking pirantosipun. Kantun tiyang sêpuh satunggil, ingkang anyênyampahi wau, botên dipun luwari dhatêng Ki Untung, tiyang satunggil wau inggih sangêt ênggènipun ngrêrêpa nêdha ucul, nanging botên dipun paèlu dhatêng Ki Untung. Tiyang ingkang sampun dipun uculuculi. lajêng wicantên, Untung, sarèhning wong kabèh iki wis padha ucul saking ing pambêlokan amarga ing kowe, ing mêngko priye kang dadi parentahmu, amêsthi padha nurut. Ki Untung amangsuli, aku bakal sumêja ngamuk marang wong Walônda, sanak-sanakku kabèh iki ya padha dakjak ngamuk. Tiyang kathah sami wicantên, yèn mangkono kang dadi karêpmu, wong akèh iki padha wèhana gêgaman lan upayakna sêga, sarèhning wis lawas ênggone padha ora mangan, kang supaya padha rosa ngamuk. Ki Untung wicantên sarta gumuyu, ya wis padha kèria ana ing kene bae, aku daklunga dhewe. Ki Untung lajêng andêdêl korining pakunjaran. Kuncinipun malêsat. Ki Untung èngêt, yèn ngandhut patrêm sakalangkung ampuh, Kumpêni [Ku...]

--- 386 ---

[...mpêni] ingkang jagi ing ngriku satunggil pinatrêm sampun pêjah, kuncining kori sampun kaêtrapakên malih, Ki Untung lajêng kesah sumêja ngupadosi prasanakanipun. Wontên ing margi kêpêthuk prasanakanipun tiyang kalih, Ki Untung rinangkul sarta dipun tangisi, nuntên kabêkta mantuk dhatêng griyanipun. Prasanakanipun sadaya inggih lajêng sami dipun undangi dhatêng Ki Untung, wontên ing ngriku inggih sampun dhatêng sadaya, kathahipun wolung dasa, Ki Untung wicantên nêdha sêkul sarta pêpanganan tuwin kinang ingkang kathah, ingkang sarta anêdha gêgaman waos dhuwung tuwin pêdhang. Para prasanakanipun wau inggih lajêng sami anyukani ingkang dados panêdhanipun Ki Untung, sarta sami sagah badhe anglabuhi tumut ngamuk. Ki Untung mirêng kasagahaning para prasanakanipun sakalangkung suka, sêkul sapanunggilanipun sarta gêgaman nuntên sami kabêktakakên ing para prasanakanipun dhatêng ing pakunjaran. Tiyang sêwidak kang wontên ing pakunjaran wau lajêng dipun kèn nêdha, lajêng kumarubut sami nêdha pating karêcap, sarta sami eram dhatêng Ki Untung, sasampuning nêdha nuntên sami sinungan gêgaman ing sasênêngipun piyambak-piyambak, lajêng sami katata wontên palataraning pakunjaran, sarta sami angatos-atos.

Botên dangu Kumpêni ingkang badhe anggiliri jagi dhatêng, kathahipun sanga kopral. Ki Untung lan sakancanipun [saka...]

--- 387 ---

[...ncanipun] anêrajang, Kumpêni wau sampun pêjah ingkang wolu, amung kantun satunggil lumajêng matur ing pangagêngipun. Pangagêngipun tiyang Kumpêni enggal parentah anabuh tambur tuwin salomprèt. Tiyang Kumpêni sampun ngalêmpak, nuntên kaangkatakên dhatêng pakunjaran amung sabrêgada, sadhatêngipun ing pakunjaran lajêng angêdrèl. Ki Untung anadhahi, rame ulêng-ulêngan. Ki Untung ngiwa nêngên ênggènipun anyuduki, dipun karutug ing sanjata botên kenging, Kumpêni ingkang sabrêgada wau sampun sami pêjah sadaya, nanging bantunipun tiyang Kumpêni botên kêndhat -kêndhat dhatêngipun. Dangu-dangu rencangipun Ki Untung suwidak wau sampun sami pêjah sadaya, kantun Ki Untung piyambak lumajêng, dipun bêbujung dhatêng tiyang Kumpêni, sarta kasanjatanan, nanging botên kenging. Palajêngipun Ki Untung dhatêng ing bètèng ngalang-alang, lajêng anyalimpêt. Tiyang Kumpêni sampun kaicalan lari, nuntên sami mantuk. Dene Ki Untung wau sabên dalu dhatêng ing nagari amanggihi para prasanakanipun. Para prasanakanipun inggih lajêng sami tumut dhatêng ing bètèng ngalang-alang, sarta sami ambêkta gêgamaning prang, sumêja sami anglabuhi lara pêjah dhatêng Ki Untung, kathahipun wolung dasa.

Kala samantên Ki Untung ing sabên dalu lumêbêt dhatêng nagari, lêbêtipun ing wanci jam gangsal tuwin jam nêm sontên. Sarta [Sar...]

--- 388 ---

[...ta] ambêkta patrêm, kadèkèk ing salêbêting sêdhah sacandhikan. Sabên kêpêthuk tiyang Kumpêni kang sami lêledhang lajêng kagêpyok ing sêdhah sacandhikan kang isi patrêm wau inggih lajêng pêjah, sarêng ing lami-lami misuwur ing tiyang sa-Batawi, yèn Ki Untung ucul saking pambêlokan, sarta kathah tiyang Kumpêni kang sami dolan sami pêjah, Kumpêni sa-Batawi sami tintrim, lajêng botên wontên kang purun alêledhang, nuntên sami dipun pirantosi, tiyang Kumpêni sabrêgada amêndhêm wontên sakiwa têngêning margi, sarta dipun dèkèki pakan Kumpêni satunggil. Sarêng wanci sontên jam gangsal Ki Untung dhatêng, Kumpêni satunggil wau lajêng dipun gêpyok ing sêdhah sacandhikan mawi patrêm sampun pêjah, Kumpêni sabrêgada enggal sami ngarutug ing sanjata saking sakiwatêngêning margi, Ki Untung nuntên ngamuk kalihan patrêm. Tiyang Kumpêni ingkang pêjah kalih wêlas. Ki Untung nuntên lumajêng, tiyang Kumpêni ambujêng, rencangipun Ki Untung kang wontên ing bètèng ngalang- alang amirêng swaraning sanjata enggal mangkat, sumêja têtulung, lajêng prang kalihan tiyang Kumpêni sakalangkung rame, rencangipun Ki Untung pêjah sadaya, Kumpêni sabrêgada sampun sami pêjah, amung kantun titithithik. lumajêng asanjang dhatêng pangagêngipun sarta katur ing gurnadur jendral. Gurnadur jendral enggal parentah anglampahakên Kumpêni sabrêgada, têtindhihipun anama [a...]

--- 389 ---

[...nama] Amral sakalangkung digdaya, sadhatêngipun ing bètèng ngalang-alang lajêng prang rame, Kumpêni Bugis tuwin Makasar kathah kang pêjah, nanging bantunipun tiyang Kumpêni taksih andalêdêg, kados toya mili, lajêng sami angêdrèl saking kiwa têngên. Rencangipun Ki Untung tiyang wolung dasa sampun pêjah sapalih, kantun kawan dasa, nuntên sami lumajêng, sarta kasaput ing dalu, Kumpêni inggih sami mantuk dhatêng ing kitha.

Kacariyos Ki Untung wau ing dalu sami pirêmbagan prayogining lampah, wontên kamisêpuhipun satunggil anama Ki Êbun. Punika angajak kesah dhatêng Ki Untung saking bètèng Ngalang-alang, kaajak ngungsi dhatêng Carêbon. Ki Untung sarta sarencangipun tiyang kawan dasa inggih sami angrujuki ing pirêmbagipun Ki Êbun. Ing dalu lajêng sami mangkat saking ngriku, lampahipun ngidul ngetan, sumêja dhatêng ing Carêbon. Enjingipun tiyang Kumpêni sami dhatêng ing bètèng ngalang-alang, sawontênipun kêrig sadaya, badhe anumpês ing Ki Untung kalihan sarencangipun, nanging kêpanggih suwêng,suwung. sakiwatêngêning ngriku dipun ubrês botên pinanggih, tiyang Kumpêni sakalangkung cuwa manahipun. Lajêng anglampahakên Kumpêni kêkapalan tigang dasa, angupadosi salasahipun Ki Untung, lampahipun ngantos dumugi ing Cianjur, tiyang Kumpêni nuntên angsal pawartos, yèn Ki Untung

--- 390 ---

kesah mangetan. Kumpêni lajêng parentah dhatêng tiyang Cianjur kinèn sami pacak baris, ing samangsanipun wontên tiyang langkung botên ambêkta dagangan, kadhawahan anyêpêng, kaaturna dhatêng Batawi, sasampuning parentah tiyang Kumpêni tigang dasa wau lajêng wangsul mantuk dhatêng Batawi.

Wondene lampahipun Ki Untung inggih sampun dumugi ing Carêbon, lajêng kêpêthuk kalihan putranipun angkat sultan ing Carêbon, anama Radèn Surapati, pinuju badhe ambêbêrêg dhatêng wana, rencangipun tiyang satus, sarta sami ambêkta gêgaman. Radèn Surapati kagèt aningali dhatêng Ki Untung, enggal kaandhêg sarta dipun pitakèni, adhi, kowe iki wong têka ngêndi lan sapa jênêngmu, arêp mênyang ngêndi. Ki Untung amangsuli, kula punika tiyang saking Batawi, budhaking Kumpêni, nama kula pun Untung, mila kula kesah saking Batawi sabab dipun sikara dhatêng tiyang Kumpêni, kula sumêja ngungsi dhatêng kangjêng sultan ing ngriki, kalih kangjêng sultan karsa ngukub dhatêng tiyang musakat kawêlas asih. Radèn Surapati mirêng wicantêne Ki Untung lajêng amikir salêbêting galih, wong iki yèn katura ing kangjêng sultan kiraku banjur disihi bangêt, sabab rupane bêcik sarta limpad ing tatakrama lan kaduksura, môngka rêrêmênane kangjêng sultan, yèn ana wong mêngkono iku, dakkira [da...]

--- 391 ---

[...kkira] aku bakal kalorod. Radèn Surapati nuntên wicantên. Adhi, yèn kowe têmên sumêja suwita, ya aku kang ngaturake, nanging pasraha gêgaman lan sabaturmu kabèh. Ki Untung inggih lajêng amasrahakên gêgamane rencangipun sadaya, amung awakipun piyambak kang taksih mawi dhuwung, Radèn Surapati wicantên malih, yagene adhi, kowe dhewe ora pasrah kris. Dene baturmu wis pasrah kabèh. Untung matur sarwi ngrêrêpa, ênggèr, amung kula piyambak taksiha kalilan ngangge dhuwung, mugi wontêna ing pananggêl sampeyan dhatêng kangjêng sultan. Radèn Surapati anyêntak sarta manthêlêng, ah yèn mêngkono ora bêcik sêjamu, apa kowe nganti dakplaksana, wong siji gôndra pira. Ki Untung sakalangkung kagèt, ngadêg suraning galih sarta wicantên. Ah aku dhasar ora awèh krisku kokjaluk, kajaba yèn wis sêmpal bauku kiwa têngên, iku aku awèh. Radèn Surapati enggal parentah dhatêng balanipun anubruk dhatêng Ki Untung, Untung enggal malumpat sarta akèn sumingkir dhatêng rencangipun, lajêng angamuk. Tanganipun têngên nyêpêng patrêm, kang kiwa nyêpêng dhuwung, dipun suduki tuwin kawaosan dhatêng rencangipun Surapati botên kenging, yèn pinuju kenging botên pasah, rencangipun Surapati kang pêjah sadasa, ingkang sangang dasa sami lumajêng, Radèn Surapati inggih [ing...]

--- 392 ---

[...gih] tumut lumajêng sumêja wêwadul dhatêng kangjêng sultan. Dene Ki Untung lan sarencangipun inggih tut wingking ing palajêngipun Radèn Surapati, Radèn Surapati wau sadhatêngipun ing ngarsane kangjêng sultan nuntên matur, yèn kabegal wontên ing margi, ingkang ambegal tiyang saking Batawi anama Untung, rencangipun kawan dasa, ing mangke inggih angodhol dhatêng kula sowan mariki, akathah-kathah wêwadulipun wau. Kangjêng sultan enggal utusan animbali Untung, inggih sampun kairid dhatêng utusan. Rencangipun sami kandhêg sajawining regol, sadhatênging ngarsanipun kangjêng sultan Ki Untung lajêng ngabêkti, kangjêng sultan alon andangu, Untung, têkamu ana ing nagaraku kene baturmu wong pira. Ki Untung matur, gusti, rencang kula amung kawan dasa. Kangjêng sultan sarêng mirêng aturipun Ki Untung lajêng duka dhatêng Radèn Surapati, pangandikanipun. Surapati, yèn mêngkono, kowe dhewe kang luwih ala, sabab ora nana adate yèn wong patang puluh wani marang wong satus. Karo dene Si Untung iku wong têka kadohan amêsthi ora wani yèn nyikaraa marang wong bumi, yagene kowe duwe solah kaya mêngkono, dene kowe dakpèk anak, sarta ora kêkurangan ing pêparingku, wêkasan kowe agawe jêmbêr marang nagaraku, hèh bocah ing Carêbon, [Carêbo...]

--- 393 ---

[...n,] dikêbat Si Surapati iki cêkêlên. Radèn Surapati sampun kacêpêng sarta binêsta, lajêng andikakakên nyuduki wontên ing alun-alun. Inggih sampun pêjah. Kangjêng sultan angandika dhatêng Untung, Untung, kowe aja susah tutur marang aku, aku wis sumurup kang dadi karêpmu, dene ênggonmu sumêja ngungsi marang aku ya wis bangêt panrimaku, nanging aku ora kêlar yèn kanggonan marang kowe, sabab nagaraku ing Carêbon iki bangêt cilike, aku amung duwe pituduh bae, kowe banjura mangetan, angungsia marang Raja Mataram. Iku layake kuwawa yèn ngukupa marang kowe, sabab nagarane gêdhe, amarentah wong satanah Jawa kabèh, karo dene kowe daksurupake, yèn wis pinêsthi karsaning Allah, kowe lan saturunmu besuk padha dadi satruning wong Walônda, sarta aku awèh wasiyat nama marang kowe, kowe ajênênga Radèn Surapati, wis, kowe mangkata, aku anjurungi pandonga bae. Untung sakalangkung panuwun, nyêmbah sarta ngaras ing sukunipun kangjêng sultan. Rencangipun sami suka sadaya, dene pikantuk idinipun ratu mukmin. Radèn Surapati wicantên malih, ing mêngko kang dadi karêpku, Ki Êbun iki dakjênêngake Ki Êbun Jaladriya, angêrèhna wong patang puluh iki, sabab iku kang tuwa dhewe.

--- 394 ---

Rencangipun tiyang kawan dasa sami jumurung sadaya, lajêng sami mangkat mangetan. Sarêng dumugi ing Malang lajêng menggok mangidul. Anjog ing tanah Toyamas. Kèndêl wontên ing dhusun Ngajibarang. Ing ngriku wontên patinggi kêkalih sami sadulur, anama Saradênta kalih Saradênti, tiyang kêkalih wau lajêng dipun dêgakên raja dhatêng Radèn Surapati, inggih anama Prabu Saradênta kalih Saradênti, nuntên anêlukakên tiyang dhusun sakiwa têngên ing ngriku, sarêng sampun kathah balanipun lajêng anggêbag nagari ing Toyamas. Dipati ing Toyamas kawon pêrangipun, kèngsêr saking kithanipun, abêbarisan sawetaning kitha Toyamas. Prabu Saradênta kalih Saradênti tuwin Radèn Surapati inggih lajêng angêbrêgi kitha, dene ingkang minôngka patih amarentah tiyang sabêbarisan, Ki Bun Jaladriya. Kala samantên Radèn Surapati abêbisik dhatêng Ki Bun Jaladriya, bapa Bun, kowe kèria, têtêpa bêbarisan ana ing kene, sarta aja kêndhat anggonmu anêluk-nêlukake, dene aku arêp lunga marang Karta, sumêja suwita ing Sang Prabu Mangkurat. Manawa ratumu takon, aku awadna lunga martapa marang gunung, nanging wêkasku marang kowe, besuk yèn ana kongkonanku lan anggawa pratôndha ali-aliku iki, ratumu nuli cêkêlên, aturna bêbandan marang aku. Ki Bun Jaladriya

--- 395 ---

matur sandika.

Radèn Surapati ing dalu lajêng mangkat ijèn. Lampahipun sampun dumugi ing Kartasura, anjujug ing Radèn Dipati Nrangkusuma, Radèn Nrangkusuma alon andangu, adhi, kowe iki wong têka ngêndi, lan sapa jênêngmu. Radèn Surapati matur, kula tiyang saking Batawi, nama kula Surapati, dhatêng kula mariki angungsi gêsang sumêja ngawula ing sampeyan utawi katuripun ing sang prabu inggih sumôngga ing sampeyan. Milanipun kula kesah saking Batawi, awit dipun niaya dhatêng tiyang Kumpêni, saupami ing benjing kula dipun têdha dhatêng tiyang Kumpêni, inggih sampun sampeyan kêkahi, kadhawahan nyêpêng piyambak dhatêng kula, nanging panyuwun kula têtiyang Jawi kemawon sampun tumut-tumut, sami anontona kemawon, kula piyambak ingkang badhe anyêmbadani ing sagêndhingipun tiyang Kumpêni. Radèn Nêrangkusuma sarêng mirêng aturipun Surapati sangêt wêlas ing galihipun. Sarta rêsêp aningali warninipun, bagus taksih anèm. Lajêng alon anggènipun ngandika, iya, aja sumêlang atimu, aku kang ngaturake ing sang prabu. Radèn Surapati sampun pinêrnahakên sarta sinuba-suba, ingakên sadhèrèk nèm. Ing sabên dintên dipun jak atunggil dhahar.

Wondene Bupati Toyamas wau, sarêng kawon pêrangipun [pê...]

--- 396 ---

[...rangipun] kalihan Prabu Saradênta, inggih lajêng angaturi uninga dhatêng ing Kartasura, sarêng katur ing sang prabu nuntên parentah anglurugi, ingkang kadhawahan Radèn Nêrangkusuma, inggih lajêng pradandosan. Anuntên Radèn Surapati agadhah atur, sagah anyêpêng kraman ijèn, amung nyuwun kanthi jêjênêng satunggil kemawon. Radèn Nêrangkusuma inggih amarêngi, lajêng lumêbêt ing kadhaton, matur ing sang prabu, gusti, kula angaturi uninga, kula kadhatêngan tiyang satunggil, pêpalajêngan saking Batawi, anama pun Surapati, punika sumêja angabdi ing panjênêngan dalêm, angungsi gêsang, sabab dipun niaya dhatêng tiyang Kumpêni, aturipun Surapati wau, saupami benjing dipun suwun dhatêng Kumpêni, inggih kaparingna kemawon. Nanging dipun cêpênga piyambak dhatêng tiyang Kumpêni, dene abdi dalêm tiyang Jawi sadaya sampun wontên kang tumut-tumut, sami aningalana kemawon. Pun Surapati piyambak ingkang sagah anadhahi prangipun tiyang Kumpêni, sanajan kinarubuta sèwu, pun Surapati botên ajrih, ing mangke sarêng mirêng yèn kula badhe nglurug, pun Surapati gadhah kasagahan anyêpêng sarta amêjahi dhatêng kraman kang wontên Toyamas. Ingkang punika atur kula gusti, kasagahanipun pun Surapati wau prayogi dipun turuti, yèn sayêktos piyambakipun sagêd amêjahi dhatêng tiyang kraman. Inggih

--- 397 ---

katampènana pangabdinipun. Manawi botên sagêd inggih lajêng katundhunga kemawon. Sang nata alon ngandika, Nrangkusuma, apa kang dadi karêpira ingsun ya nurut bae, sabab ingsun wis pracaya marang sira. Radèn Nêrangkusuma sakalangkung suka manahipun. Lajêng mantuk sampun kêpanggih kalihan Surapati, andhawahakên timbalan dalêm. Yèn sampun kalilan ingkang dados panyuwunipun. Ki Surapati sangêt bingah ing manahipun. Lajêng mangkat saking Kartasura kalihan dipati ing Toyamas. Sadhatêngipun ing Toyamas, amasanggrahan ing dhusun Kalijirak. Radèn Surapati anuntên anglampahakên utusan lare kêkalih, amaringakên sêsupe dhatêng Ki Bun Jaladriya. Ki Bun Jaladriya sarêng anampèni sêsupe, anggraita ing manahipun, lajêng amangsiti rencangipun babêktan saking Batawi, dipun kèn sami angrasuk gêgamaning prang, sarêng sampun samêkta nuntên sami sowan ing ratunipun. Prabu kêkalih sawêg sami kalangênan angabên sawung, kagèt aningali Ki Bun Jaladriya dhatêng, enggal andangu, bapa Bun, ana pawarta apa, majua mrene. Ki Bun Jaladriya sumaur, botên wontên pawartos. Kula namung sowan kemawon. Ki Bun sarwi angêjèpi rencangipun, lajêng sami anubruk ing Prabu Saradênta kalih Saradênti, sampun sami binêsta, balanipun [bala...]

--- 398 ---

[...nipun] lajêng sami bibar sadaya, Saradênda Saradênti sampun binêkta dhatêng pasanggrahanipun Radèn Surapati sarta Tumênggung Toyamas. Lajêng sami dipun kêthok gulunipun kalih pisan. Dene sabarang gadhahanipun inggih sampun jinarahan sadaya. Radèn Surapati kalihan Dipati Toyamas nuntên sami wangsul dhatêng ing Kartasura, Sang Prabu Mangkurat sawêg sinewaka wontên ing sitinggil. Dipati Toyamas sarta Radèn Surapati inggih lajêng sowan angaturakên sirahing kraman kêkalih tuwin bêboyongan. Sang nata sakalangkung suka ing galihipun. Sirahing kraman kêkalih andikakakên sami manjêr wontên ing margi parapatan. Radèn Surapati sarencangipun tiyang kawan dasa lajêng ginanjar arta sarta busana, sarta sampun kaanggêp pangabdinipun. Nanging kapasrahakên ing Radèn Nêrangkusuma kemawon. Sang nata lajêng kondur angadhaton. Radèn Surapati inggih sampun kabêkta mantuk ing Radèn Nêrangkusuma sarta sangêt ing asihipun.

Kacariyos ing nagari Batawi para Kumpêni sampun mirêng pawartos yèn Ki Untung samangke sampun ngawula ing Sang Prabu Kartasura, sangêt dipun sihi, sarta sampun salin nama Radèn Surapati. Gurnadur jendral kalihan para rad lajêng sami pirêmbagan, dadosing rêmbag anuntên anantun dhatêng para Kumpêni, sintên ingkang purun amêngsah [amêng...]

--- 399 ---

[...sah] prang kalihan Surapati, nanging para Kumpêni botên wontên ingkang gadhah kasagahan, awit sampun sami sumêrêp tandangipun Surapati yèn prang. Gurnadur jendral sarta para rat sakalangkung èmêng ing galihipun. Lajêng andhawahakên parentah, sintên-sintên kang sagah anyêpêng Surapati, badhe agêng ganjaranipun sarta kajunjung ing kalênggahanipun. Anuntên wontên kapitan Wêlandi satunggil anama Kapitan Tak. Sakalangkung digdaya, ing aprang tanpa tandhing, dene ingkang gadhah anak tiyang agêng ingkang ambêdhah ing Makasar rumiyin. Kapitan Tak wau sagah anyêpêng Surapati anuntên katarik astanipun. Kasandhing lênggah ing tuwan gurnadur jendral, sarta linarihan. Para rat tuwin para upsir inggih sami angurmati gêntos-gêntos, nglarihi, wondene Kapitan Tak wau dêdêgipun gagah prakosa, sarta asring ngangge makutha mas, abêbadhong kêlat bau, yèn sinawang warninipun kados danawa raja, kala samantên Kapitan Tak sampun kadhawahan pradandosan, sarta binêktanan Kumpêni satus, kalihan rajabrana tuwin sêrat badhe katur ing sang prabu, sarêng sampun samêkta lajêng mangkat anumpak baita, lampahipun sampun dumugi ing Japara, kumêndur ing Japara inggih enggal amêthuk, Kapitan Tak sakumpêninipun sampun binêkta dhatêng ing loji. Kapitan anuntên anglampahakên utusan [utusa...]

--- 400 ---

[...n] ajidan satunggil, sareyan satunggil sarta mawi sêrat saking gurnadur jendral katur ing Sang Prabu Kartasura, lampahipun sampun dumugi ing Kartasura, sang nata nuju miyos sinewaka, utusan Wêlandi anjujug ing Radèn Dipati Nrangkusuma, angaturakên sêrat, lajêng kaaturakên Radèn Dipati Sindurêja, katur ing sang prabu, sampun tinampèn sarta winaos. Sang nata sasampuning maos sêrat nuntên ngandika bêbisik dhatêng Radèn Dipati Sindurêja, Sindurêja, wruhanira iki layang têka si kaki jendral, anjaluk marang Si Surapati, kapriye kang dadi rêmbugira. Arya Sindurêja nêmbah matur, sinuhun ing pamanah kula prayogi kaparingna tumuntên, sabab punika bêbujênganipun Kumpêni, manawi botên kaparingakên amêsthi tiyang Kumpêni sakit manahipun. Kalih dening yèn panjênêngan dalêm angêkahana pun Surapati kadamêl punapa, mindhak angribêdi nagari dalêm. Sang nata angandika, yèn mêngkono, Sindurêja, kongkonan iku sira kona aso dhingin, prênahna kang bêcik. Aja kongsi kêkurangan. Karodene sira andhawuhana marang adhi mas Dipati Pugêr, karo Si Dipati Cakraningrat, katêlu Si Jangrana, yèn ing mêngko bêngi padha ingsun timbali marang kadhaton, ênggone lumêbu kang rêmit ajana wong kang wêruh. Arya Sindurêja matur sandika, sang nata

--- 401 ---

kondur angadhaton.

Sarêng ing wanci dalu Pangeran Dipati Pugêr, kalih Cakraningrat, tiga Jangrana, sakawan Dipati Sindurêja, inggih lajêng sami sowan dhatêng kadhaton, adhêdhêmitan. Sadhatênge ing ngarsanipun sang prabu nuntên sami lênggah cakêt. Sang nata alon angandika, mulane sira padha sun timbali, sarèhning ingsun tômpa layang têka gurnadur jendral, anjaluk Si Surapati, kang dikongkon Kapitan Tak, samêngko isih ana ing Japara, iku kapriye kang padha dadi rêmbugira. Pangeran Cakraningrat sarta Jangrana matur, gusti prayogi kaparingna tumuntên babêstan. Mila makatên, yèn saupami kakêkahana, botên wande panjênêngan dalêm amamêngsahan kalihan Kumpêni. Sang nata sarêng mirêng aturipun bupati kêkalih sakalangkung ribêngribêt. galihipun, dangu ênggènipun kèndêl. Pangeran Pugêr aningali ingkang raka kèwêdan ing galih, tumuntên matur, kakang prabu, saupami panjênêngan dalêm angulungna pun Surapati, punika têtêp nama anganiaya, sabab pun Surapati wau botên gadhah dosa ing panjênêngan dalêm. Yèn botên kaulungna amêsthi Kumpêni sakit manahipun. Punika mênggah pamanah kula makatên kemawon, inggih kaulungna pun Surapati wau, nanging dipun cêpênga piyambak dhatêng tiyang Kumpêni, abdi dalêm tiyang Jawi sampun [sampu...]

--- 402 ---

[...n] wontên ingkang tumut-tumut. Ing batos sami ngilonana pun Surapati, ing lair inggih ngilonana tiyang Kumpêni, nanging yèn tiyang Jawi sami tumut prang sanjatanipun sampun ngantos wontên kadekekan mimis. Sarta panjênêngan dalêm sampun ngangkêni gadhah abdi pun Surapati, dene ingkang gadhah rencangipun Surapati wau Radèn Nêrangkusuma, amung makatên atur kula. Sang nata sarêng mirêng aturipun ingkang rayi sakalangkung suka ing galihipun, sarta ngandika dhatêng ingkang rayi, adhi mas, ya bênêr sira, Sindurêja, sira gawea layang wangsulan marang Si Kapitan Tak, dene unine kaya rêmbuge adhi mas mau, sarta sira anggawanana mantri loro, rumêksaa marang si ajidan, pangane ana ing dêdalan aja kongsi kêkurangan. Lan Si Rôngga ing Samarang parentahana utawa bocah desa urut dalan kabèh, besuk samangsane Si Kapitan Tak têka ing kono, padha sêsuguha lan padha rumêksaa kang bêcik. Adipati Sindurêja matur sandika lajêng mêdal. Sampun kêpanggih kalihan ajidan, utawi sareyan, sarta kaparingan pasangon yatra, punapa malih mantri ingkang badhe andhèrèkakên inggih sampun dhatêng, ajidan lajêng mangkat saking Kartasura.

Wondene sang nata wau taksih pirêmbagan kalihan priyantun têtiga, sang nata lajêng angandika dhatêng Pangeran [Pange...]

--- 403 ---

[...ran] Pugêr, adhi mas, sira sun pasrahi pagawean, Si Surapati sira taria, sarèhning dhèwèke dijaluk marang wong Walônda, apa wani anglawana prang, yèn dhasar wani sira nuli marentahana marang bocah bupati kabèh, padha awèha gêgaman marang Si Surapati, apa kang dadi kasênêngane, lan Si Nêrangkusuma dhawuhana, yèn dhèwèke bakal ingsun gawe wayang, akêmbula lan Si Surapati, ing saupama Si Surapati mau ora wani anglawan prang marang wong Walônda ya enggal sira tundhunga, supaya aja anyênyukêri nêgaraningsun. Wis, adhi mas, sira muliha, para bupati padha timbalana marang ing omahira kabèh sarta Si Surapati. Pangeran Pugêr matur sandika, nuntên lèngsèr saking ngarsaning sang prabu sarta bupati kêkalih, sarawuhe ing dalêmipun, ing dalu para dipati lajêng sami tinimbalan, tuwin Radèn Nêrangkusuma sarta Surapati sampun sami dhatêng sadaya wontên ing kapugêran. Sang pangeran alon ngandika dhatêng Surapati, Surapati, mulane kowe daktimbali, aku ngêmban dhawuhe kakang prabu, andikakake marang kowe, sarèhning kowe dijaluk marang wong Walônda, kowe apa wani anglawana prang, manawa kowe wani kakang prabu bakal amaringi kanthi, yèn kowe ora wani, dikakake nundhung têka ing Kartasura. Surapati umatur saha

--- 404 ---

sêmbah, gusti, dhasar sampun dados pikajêngan kula apêrang kalihan tiyang Kumpêni, sanajan rintên tuwin dalu kula botên ajrih, samangke kula sampun angsal idining ratu malih yèn ajriha, kala rumiyin kula dèrèng angsal idining ratu botên ajrih. Pangeran Pugêr nuntên angandika dhatêng Radèn Nêrangkusuma, paman Nêrangkusuma, timbalane kakang prabu kowe dikakake anglabuhi marang Si Surapati, lan sabalamu kabèh tumuli angrakita gêgamaning prang. Radèn Nêrangkusuma matur sandika. Pangeran Pugêr angandika malih dhatêng para bupati, para bupati kabèh, timbalane kakang prabu, kowe padha dikakake awèh gêgaman. Apa kang dadi dhêmênane padha tumuli awèha. Para bupati enggal sami anyukani dhuwung dhatêng Surapati, nanging panyuwunipun Surapati dhuwung kang sami dhapur lêrês. Yèn dhuwung parung Surapati botên ajêng nampèni. Sasampuning makatên nuntên sami bibar mantuk piyambak-piyambak. Radèn Nêrangkusuma lajêng atata-tata gêgamaning prang sarta anggêganjar dhatêng ing balanipun tuwin dhatêng rencangipun Surapati, awarni busana kang sae-sae.

Kawuwusa lampahe ajidan sampun dumugi ing Japara, lajêng angaturakên sêrat kang saking sang prabu, sampun tinampèn dhatêng Kapitan Tak sarta winaos. Sasampuning [Sasa...]

--- 405 ---

[...mpuning] maos sêrat Kapitan Tak sakalangkung suka, lajêng bidhal saking Japara sakumpêninipun. Lampahipun dumugi ing Samawis. Alêrêp tigang dalu, Ki Rôngga ing Samawis inggih sangêt ênggènipun sêsugun. Kapitan Tak anuntên bidhal, Ki Rôngga inggih andhèrèkakên. Sarêng dumugi ing Kênêr alêrêp malih wontên ing ngriku, Ki Rôngga nuntên angrumiyinakên utusan, sarta mawi sêrat, angaturi uninga ing sang prabu, yèn Kapitan Tak sampun dumugi ing Kênêr. Sang nata sarêng sampun nampèni sêrat lajêng angandika dhatêng Dipati Sindurêja, Sindurêja, sira mênyanga ing Banyudana amapaga Si Tak, sarta agawea pasanggrahan ana ing kono utawa bakal suguhe ya aja kêkurangan. Ki Sindurêja wau lajêng dipun bisiki ing sang prabu mênggah ingkang badhe dados karsanipun bab prang, Ki Sindurêja sarêng sampun tampi wangsitipun sang nata lajêng bidhal. Sadhatêngipun ing Banyudana inggih nuntên adamêl pasanggrahan. Sarêng sampun dados lajêng anglampahakên utusan sarta mawi sêrat dhatêng Ki Rôngga ing Samawis kang sawêg wontên ing Kênêr, utusan wau inggih lajêng mangkat, sampun kêpanggih kalihan Ki Rôngga, sarta angaturakên sêrat. Ungêling sêrat, Kapitan Tak tinimbalan ing sang prabu dhatêng ing Banyudana, Ki Rôngga sarêng sampun maos sêrat lajêng wicantên dhatêng Tak. Payo tuwan, kowe ditimbali [diti...]

--- 406 ---

[...mbali] ing sang prabu marang Banyudana, Kapitan Tak inggih mangkat sakumpêninipun.

Kala samantên sang nata lajêng parentah dhatêng Tumênggung ing Surabaya, andikakakên ngobongi pasowan kidul, sarta aloka yèn Surapati sumêja ngamuk dhatêng kadhaton. Ki Tumênggung Surabaya inggih nuntên angobongi griya pasowanipun, sarta Surapati kaêlokakên ngamuk. Têtiyang nagari Kartasura sami gègèr, kala samantên lajêng misuwur, yèn Surapati sumêja angrisak nagari ing Kartasura akanthi Radèn Nêrangkusuma. Sarêng ing dalunipun sang nata animbali Pangeran Pugêr, kalih Surapati, tiga Nêrangkusuma sarta para dipati sadaya, sang nata angandika dhatêng Pangeran Pugêr, adhi mas, besuk yèn Si Kapitan Tak wis têka ana ing Banyudana Si Surapati lan Si Nêrangkusuma tumuli gusahên têka ing omahe, misuwurna yèn balela marang ingsun. Dene kang bakal sun kon anggusah Si Cakraningrat lan Si Jangrana sarta bocah môncanagara sabalane kabèh, padha ambêburua marang Si Surapati, sarta ambêdhilana kang rame, nanging aja ana kang nganggo mimis. Dene yèn Si Tak wis têka ana ing alun-alun ingsun, Si Surapati gêntos ambêburua marang Si Cakraningrat lan Si Jangrana,

sarta ambêdhilana Si Cakraningrat lan sabalane enggal lumayua, kayadene [kayade...]

--- 407 ---

[...ne] wong kalah prang mêngkono, banjur angungsia marang ing ngarsaningsun. Si Surapati angêsuka marang ing alun-alun. Banjura prang karo Si Tak, ana ing alun-alun, supaya ingsun bisaa andêlêng prange Si Surapati lan wong Kumpêni. Pangeran Pugêr sarta kang sami kadhawahan aturipun sandika, lajêng sami mantuk atata-tata.

Kawuwusa lampahipun Kapitan Tak sampun dumugi ing Banyudana sakumpêninipun. Ki Dipati Sindurêja enggal amêthuk, sarta têtabehan. Ki Dipati Sindurêja sangêt ênggènipun urmat. Kapitan Tak sakumpêninipun sakalangkung suka. Ki Dipati Sindurêja lajêng utusan angaturi uninga ing sang prabu, yèn Kapitan Tak sampun dhatêng wontên ing Banyudana. Sang nata sarêng sumêrêp Kapitan Tak dhatêng wontên Banyudana, enggal amangsiti dhatêng Dipati Cakraningrat kalihan Tumênggung Jangrana, andikakakên gusah Surapati. Ki Cakraningrat sarêng sampun tampi wangsitipun sang prabu, lajêng ambudhalakên gêgaman, sarta utusan asuka pariksa dhatêng Kumpêni ingkang jagi ing Kartasura, yèn Pangeran Cakraningrat badhe anggêbag prang dhatêng Surapati tuwin Nêrangkusuma, tiyang Kumpêni dipun kèn baris wontên pagêlaran anjagèni sang prabu, pangagênging Kumpêni sarêng tampi utusan saking Cakraningrat, inggih enggal angangkatakên [angangka...]

--- 408 ---

[...takên] Kumpêninipun kathahipun kalih atus, sami kabarisakên wontên ing pagêlaran. Dene Ki Cakraningrat kalihan Ki Jangrana wau inggih sampun ambudhalakên gêgaman. Sadhatêngipun ing nrangkusuman lajêng sami angarutug ing sanjata, sarta sami surak, nanging sanjatanipun botên mawi mimis. Bala ing nrangkusuman tuwin rencangipun Surapati inggih sami malês anyanjatani, anuntên Surapati sarta Nrangkusuma kèngsêr saking ing dalêmipun, lajêng dipun bêbujêng dhatêng Ki Cakraningrat, arame sami bêdhil-binêdhil. Surapati lajêng anêrajang barisipun tiyang môncanagari sarta ambêsmèni padhusunan kang sami kamargenan. Baris môncanagari dhadhal sami lumajêng, nuntên dipun tulungi dhatêng Ki Cakraningrat, arame pêrangipun.

Gêntos kacariyos Kapitan Tak kang wontên ing Banyudana, Kapitan Tak wicastênwicantên. dhatêng Ki Sindurêja, radèn dipati, dhatêng kula mriki punika dipun utus ing tuwan gurnadur jendral, tuwin para ratrad. sadaya, ingkang rumiyin angaturakêmangaturakên. pisungsung awarni baludru, renda sapanunggilanipun awarni- warni, katur ing sang prabu, kaping kalih anyuwun pun Surapati, inggih badhe kula cêpêng piyambak, sok ugi sampuna kalilan kemawon ing sang prabu, sabab punika agêng dosanipun dhatêng tiyang Kumpêni. Ki Dipati Sindurêja amangsuli, tuwan, sampeyan [sampe...]

--- 409 ---

[...yan] sumêrêpa, pun Surapati punika salaminipun botên ngabdi ing sang prabu, suwita dhatêng Radèn Dipati Nrangkusuma kemawon. Milanipun kala sang nata tampi sêrat babêktan sampeyan rumiyin, karsanipun Sang Prabu Surapati badhe kacêpêng, kasrahakên babêstan dhatêng ing sampeyan, nanging Radèn Nrangkusuma sangêt gènipun angêkahi, dados samangke Radèn Nrangkusuma wau balela dhatêng sang prabu, pandugi kula para tiyang agêng-agêng ing Batawi tuwin sampeyan dèrèng sami sumêrêp yèn sang prabu samangke mamêngsahan kalihan pêpatihipun, malah kala wingi pun Surapati sumêja ngamuk dhatêng kadhaton, sampun angobongi griya pasowan kidul, munduripun pun Surapati wau amargi saking Pangeran Pugêr ingkang têtulung dhatêng kadhaton.

Kapitan Tak sarêng mirêng aturipun Ki Sindurêja lajêng ambanting têpiyonipun, agêdrug-gêdrug anyakot rawis sarta pêrdam-pêrdom, andik maripatipun, ingkang aningali sami ajrih, lajêng wicantên. Radèn dipati, sampeyan angantos ing dintên benjing-enjing, pun Surapati amêsthi badhe pêjah dening kula. Botên dangu Kapitan Tak mirêng swaraning sanjata ambal-ambalan, kados rêdi rêbah sarta aningali kukus griya kabêsmèn anglandêng, Kapitan Tak pitakèn, radèn dipati, punika swaraning sanjata punapa, dene botên kèndêl-kèndêl, [kèndê...]

--- 410 ---

[...l-kèndêl,] sarta kukus anglandêng, Radèn Sindurêja amangsuli, tuwan, inggih punika pun Surapati sarta Radèn Nrangkusuma, apêrang kalihan sang prabu, suwawi nuntên mangkat atêtulung ing sang prabu, manawi sêlak kasoran. Kapitan Tak wicantên. Inggih sumôngga sami bidhal, atêtulung ing sang nata, nanging kula badhe lajêng pêrang kemawon. Botên mawi sowan ing sang prabu, bilih Surapati sampun kacêpêng kemawon kula sowan. Ki Sindurêja wicantên malih, tuwan, kula ajrih yèn anglilanana gèn sampeyan karsa pêrang, prayogi sampeyan sowan rumiyin. Sanajan sampeyan pêranga yèn sampun angsal idinipun sang prabu. Kapitan Tak inggih anurut dhatêng Ki Sindurêja, lajêng sami bidhal sakumpêninipun, angêbêki lêlurung, lampahipun ginêlak, sampun dumugi ing alun-alun Kartasura, bala Kumpêni kabarisakên salèring waringin kurung, kapitan kalihan Ki Sindurêja sowan minggah ing sitinggil. Sadhatêngipun ing ngarsa dalêm Ki Sindurêja matur, gusti, punika warninipun Kapitan Tak, kula bêkta sowan ing ngarsa dalêm. Sang prabu lajêng angawe sarwi mulung astanipun. Kapitan Tak enggal nyandhak atêtabehan. Kapitan Tak matur, sinuhun, kula angaturakên tabenipun kaki jendral sarta para rad sadaya, kaping kalih kula angaturakên pakintunipun pun kaki jendral, [je...]

--- 411 ---

[...ndral,] rajabrana awarni-warni, kaatura ing panjênêngan dalêm. Kaping tiga kula kautus nyuwun bêbujênganipun tiyang Kumpêni kang wontên ing nagari dalêm, anama pun Surapati, sabab dosanipun agêng dhatêng tiyang Kumpêni, mugi andadosna parênging galih dalêm. Inggih kula piyambak kang badhe nyêpêng, amung mugi kaidinana kemawon. Sang nata alon angandika, kapitan, ing sakèhe pakirime si kaki jendral ya bangêt tarima kasih ingsun. Dene prakara Si Surapati sira aja susah, ingsun ya ambiyantoni marang sira, nanging Si Surapati samêngko wis golong sabyantu karo pêpatih ingsun kang jênêng Nrangkusuma, amungsuh marang ingsun. Malah ingsun wis matah bupati loro lan sabalane, ingsun kon angrusak ing kapatihan, ingsun kon anyêkêl marang Si Surapati karo Si Nrangkusuma, samêngko wis padha pêrang rame, sira anaa ing ngarsaningsun bae, sabab bangêt sumêlang ingsun, manawa bupati loro mau kasoran pêrange, Si Surapati mêsthi angêsuk sumêja ngrusak kadhaton, kang sun jaluki tulung sapa, kajabane amung sira, mulane sira barisa ing alun-alun bae, sanajan sira pêranga ya anaa ing ngarsaningsun. Kapitan sarêng mirêng pangandikanipun sang prabu sakalangkung suka manahipun sarta alon matur, sinuhun, panjênêngan dalêm sampun kuwatos. [kuwato...]

--- 412 ---

[...s.] Yèn kula taksih gêsang, pun Surapati prasasat sampun kagêgêm ing tangan kula, amêsthi badhe pêjah dening kula. Kapitan Tak nuntên tumurun saking ing sitinggil anata barisipun. Ki Dipati Sindurêja enggal utusan sarta mawi sêrat dhatêng Ki Cakraningrat kalihan Tumênggung Jangrana, ungêling sêrat, asuka uninga, yèn Kapitan Tak sampun dhatêng wontên ing alun-alun, utusan wau inggih sampun kêpanggih kalihan Cakraningrat kang sawêg pêrang wontên ing padhusunan sawetaning kadhaton. Cakraningrat sarêng sampun tampi sêrat, enggal ambêrêg pêrangipun, Surapati kapurih dhatênga ing alun-alun sarta dipun sanjatani, nanging botên mawi mimis. Anuntên wontên bala ing Sampang satunggil anama Konang Pasir awicantên dhatêng kancanipun. Kônca, iki pêrang apa gêguyon, awakku kêsêl têmên, sarta kapanasên, payo padha dijajal nganggo mimis. Konang Pasir wau lajêng anyanjata mawi mimis, angsal rencangipun Surapati satunggil pêjah, Surapati sarêng sumêrêp sangêt nêpsu dene tiyang Sampang anglairakên wawêlinge gustinipun. Surapati wau lajêng angamuk dhatêng balanipun Cakraningrat, tiyang tiga sampun sami dipun suduki nanging botên pêjah, lajêng dipun rêmbat dhatêng kancanipun, kaaturakên ing sang dipati. Dipati Cakraningrat sarêng aningali rencangipun tiga sami

--- 413 ---

tatu, sangêt suka ing galihipun, dene wontên pratandhanipun yèn prang sayêktos. Ki Cakraningrat wau nuntên lumajêng sabalanipun sarta ambêkta rencangipun tiga kang sami tatu, Surapati inggih nuntên ambujêng sarta anyanjatani, palajêngipun Ki Cakraningrat wau sampun dumugi ing alun-alun. Rencangipun kang sami tatu kabêkta langkung ngarsaning baris Kumpêni, Ki Dipati Sindurêja lajêng sanjang dhatêng Kapitan Tak. Tuwan, punika tiyang Sampang sampun kawon pêrangipun, sampeyan angatos-atosa. Kapitan Tak sarêng aningali têtiyang Sampan,g sakalangkung duka, ambanting têpiyonipun sarta parentah anabuh tambur, kathahipun pitulas. Tinabuh sarêng swaranipun brang-brangan. Botên dangu Surapati sabalanipun dhatêng, lumêbêt ing alun-alun sarta asurak-surak. Para bupati enggal sami mêthukakên pêrangipun Surapati, sarwi angarutug ing sanjata, Surapati sarta balanipun lajêng sami ngamuk. Para bupati sabalanipun dhadhal, sami lumajêng angungsi ing sawingkingipun sang prabu. Kapitan Tak enggal angabani Kumpêninipun, sarêng angêdrèl dhatêng Surapati, swaranipun kados gêlap, ing paprangan pêtêng sangêt dening kugus.kukus. Surapati lan sabalanipun lajêng sami ngamuk anusup kukus, arame prangipun. Balanipun Surapati sarta bala Nrangkusuman kathah kang pêjah, bala Kumpêni inggih kathah [ka...]

--- 414 ---

[...thah] kang pêjah, bangke sungsun atindhih, kang pêrang sami angidak bathang. Surapati nuntên mundur dhatêng ing pagongan, sumêja badhe ngombe, nuntên wontên utusanipun sang prabu, andhawuhi Surapati dikakakên majêng prang, Surapati matur sandika lajêng mangsah prang, katadhahan ing Kapitan Wêlandi anama Brikman. Surapati dipun pêdhang awali-wali, nanging botên pasah, lajêng malês anyuduk. Kapitan inggih botên pasah, Surapati dipun candhak dhatêng kapitan sarta kacakot gulunipun, Surapati sangêt gila dening ilêr, nuntên lumajêng sakêdhap, èngêt yèn angandhut patrêm, lajêng katarik sarta wangsul. Kapitan Brikman dipun patrêm gulunipun sampun pêjah. Kapitan Tak sarêng aningali Brikman pêjah, sakalangkung bramatya, lajêng angabani Kumpêninipun, angarutug ing sanjata dhatêng Surapati tuwin amêdhangi, nanging botên kenging, Radèn Nrangkusuma sabalanipun atêtulung, arame pêrangipun, tiyang Jawi tuwin Kumpêni kathah ingkang pêjah, Kapitan Tak kinarubut dipun waosi tuwin sinudukan, inggih botên pasah, dhuwungipun Surapati sakawan sami putung sadaya, Kapitan Tak sakalangkung têguh, Surapati sabalanipun nuntên mundur dhatêng pagongan, sumêja aso, tiyang Kumpêni inggih taksih ngarutug ing sanjata saking katêbihan. Nuntên wontên utusan saking sang prabu andhawahi

--- 415 ---

dhatêng Surapati andikakakên majêng prang malih, Surapati amangsuli, prikônca utusan, dika matur ing sang nata, kula aso rumiyin kalihan badhe ngombe, sabab sangêt gènipun sami kasatan. Dene kula botên-botênipun lumajêng, tiyang sampun kula sêja awor gêtih kalihan Kumpêni. Utusan lajêng wangsul matur ing sang prabu, sang nata sarêng mirêng aturing utusan lajêng mèsêm, sarta angandika dhatêng Pangeran Pugêr, adhi mas, sira têtulunga pêrang, Si Surapati bangêt gone sayah, manawa katiwasan. Pangeran Pugêr matur sandika lajêng tumurun saking sitinggil dhatêng kori kamandhungan, amanggihi abdinipun, kathahipun wolulas. Pangeran Pugêr sarta abdinipun wolulas wau lajêng sami salin busana, amindha rencangipun Surapati, sasampuning sami dandos lajêng sami mangkat ngalèr ngilèn anjog ing masjid. Nuntên menggok mangetan mêdal kori ing masjid dumugi ing alun-alun. Surapati kalihan Nrangkusuma awas aningali, yèn Pangeran Pugêr atêtulung, enggal majêng ngamuk, Pangeran Pugêr wau sampun ajêng-ajêngan kalihan Kapitan Tak, sarta amandhi waos Kyai Palèrèd. Kapitan Tak lajêng dipun larihi, iganipun tatas têrus ing walikat sampun pêjah botên angulicik. Kumpêni sakantunipun lajêng dipun amuk dhatêng Surapati sarta abdinipun Pangeran Pugêr, [Pu...]

--- 416 ---

[...gêr,] sampun sami pêjah sadaya, ingkang taksih gêsang amung salawe, sumyur sami lumajêng, Ki Dipati Sindurêja enggal amitulungi anglêmpakakên Kumpêni kang sami kataton taksih gêsang, sami kabêkta dhatêng loji.

Sang Prabu sarêng aningali pêrangipun Surapati sakalangkung suka, sarta angalêm dhatêng ingkang rayi sarta dhatêng Surapati, lajêng utusan animbali ingkang rayi, kalih Surapati, tiga Nrangkusuma, priyantun têtiga sampun sami dhatêng ing ngarsanipun sang prabu, sang nata mèsêm sarwi ngandika, bagea kang padha mêntas pêrang, priyantun têtiga matur saha sêmbah, inggih wilujêng sabab saking pangèstu dalêm, lajêng sami pinaringan dhêdhaharan, wowohan tuwin unjuk-unjukan. Sang nata angandika malih dhatêng Radèn Surapati, Surapati, wis bangêt tarimaningsun marang sira, sira ingsun ganjar nagara ing Pasuruan, ênggonana, lan sira sun ganjar nama Radèn Tumênggung Wiranagara, ana ing kono aja pêgat ênggonira pacak baris, sarta anêlukna desa sakiwa têngêning kono, dene Si Nrangkusuma ya milua marang ing Pasuruan, aja pisah lan sira, ana ing dêdalan angobongana dêdesan. Kang bakal sun kon ambêburu marang sira bocah môncanagara kabèh, sang nata lajêng angandika dhatêng para bupati, bocah bupati kabèh, sira padha nêksènana yèn Si Sindurêja samêngko sun gawe patih [pa...]

--- 417 ---

[...tih] anggêntèni Si Nrangkusuma, lan adhimas Pangeran Panular sun lih arane, ajênênga Pangeran Arya Mataram, sun paringi lêlungguh bumi sèwu karya. Para bupati inggih jumênêng sadaya. Sang nata angandika malih dhatêng Ki Sindurêja, Sindurêja, sira kirima layang marang kumêndur ing Japara, awèha wêruh yèn Si Tak tumpês lan sakumpênine kabèh ana ing paprangan. Ingkang sami kadhawahan matur sandika, sang nata kondur angadhaton. Radèn Tumênggung Wiranagara kalihan Radèn Nrangkusuma inggih lajêng bidhal sabalanipun sarta dipun bêbujêng dhatêng bala môncanagari, sadhatêngipun ing Pasuruan bala môncanagari nuntên wangsul dhatêng ing Kartasura. Dene Radèn Tumênggung Wiranagara wau wontên ing ngriku inggih lajêng abêbètèng sarta ajêjagang, anêluk-anêlukakên dhusun sakiwatêngêning ngriku, sampun agêng bêbarisanipun.

Kacariyos Radèn Dipati Sindurêja, sampun anglampahakên utusan dhatêng ing Japara sarta mawi sêrat mungêl saking sang prabu, sadhatêngipun ing Japara kêpanggih kalihan kumêndur Sêlupriyansah, sarta ngaturakên sêrat. Kumêndur sasampuning maos sêrat sakalangkung duka, wadana dados rah, andik netranipun sarta agêdrug-gêdrug. Milanipun kumêndur sangêt duka, sabab sampun mirêng pawartos yèn têtiyang Jawi pêrangipun silip.

--- 418 ---

Ing lair mitulungi dhatêng Kapitan Tak, nanging ing batos amitulungi dhatêng Surapati, utusanipun sang prabu lajêng dipun pitambuhi kemawon, sarta botên kasukanan sêrat wangsulan. Utusan inggih nuntên mantuk palarasan. Sadhatêngipun ing Kartasura inggih lajêng matur ing sang prabu yèn kumêndur sangêt ênggènipun nêpsu sarta botên amangsuli sêrat. Sang nata sarêng mirêng aturing utusan sakalangkung duka, lajêng ngandika dhatêng Pangeran Pugêr, adhi mas, sarèhning si kumêndur samêngko sangêt ênggone nêpsu, iku kapriye kang dadi rêmbugira, yèn ing karsaningsun ya aja tanggung gonira dadi mungsuh, Walônda ing Japara bakal sun tumpês pisan. Pangeran Pugêr matur, kakang prabu, ing panuwun kula, ing saupami panjênêngan dalêm karsa amamêngsahan kalihan tiyang Kumpêni sampun ngantos ngèglèh, prayogi mawi aling-aling, nanging yèn kenging inggih sampun ngantos mamêngsahan, sabab sanajan punika tiyang kapir sampun amitulungi prang ing panjênêngan dalêm. Panjênêngan dalêm sampun kapotangan padamêlan tuwin kasaenan. Saupami Panjênêngan dalêm sangêt-sangêt anyidrani, botên wande badhe angapêsakên karaton dalêm. Sang nata sarêng mirêng aturipun ingkang rayi, lajêng sarèh ing dukanipun sarta alon ngandika, adhi mas, yèn kaya mêngkono sira marentahna marang bocah ingsun [ing...]

--- 419 ---

[...sun] kabèh, sapa-sapa kang bisa angrêrapu ing nêpsune si kumêndur, bakal gêdhe ganjaran ingsun. Pangeran Pugêr matur sandika lajêng mêdal saking kadhaton, anantun dhatêng para bupati sapangandhap. Anuntên wontên mantri kaparak satunggil, turunipun tiyang anêlèh, anama Jiwaraga, punika sagah angrêrapu dhatêng kumêndur, lajêng kadhawahan mangkat dhatêng Japara, sarta binêktanan sêrat. Ki Jiwaraga inggih lajêng mangkat. Sadhatêngipun ing Japara sampun kêpanggih kalihan kumêndur amaringakên sêrat sarta kapal rakitan. Ungêling sêrat, sang prabu amratelakakên ing katêmênanipun dhatêng Kumpêni, kalanipun pêrang Kapitan Tak kalihan Surapati. Kumêndur sasampuning maos sêrat sangêt kaduwungipun ênggènipun nêpsu kala rumiyin. Ki Jiwaraga wicantên. Tuwan, lampah kula punika kautus ing sang nata amratelakakên dhatêng sampeyan. Supados sampeyan sampun ngantos sanès tampi, mênggah prangipun Kapitan Tak rumiyin, sayêktos yèn tiyang Jawi ngiloni dhatêng Kumpêni, malah kathah ingkang sami pêjah, suprandosipun dipun wastani silip pêrangipun dhatêng tiyang botên rêmên ing sang prabu. Akathah-kathah pangrêpanipun Ki Jiwaraga wau ênggènipun murih ngrapêtakên ing arênggang, supados sang prabu sampun ngantos crah kalihan kumêndur. Kumêndur sarêng mirêng pangrêpanipun Ki Jiwaraga, sakalangkung [saka...]

--- 420 ---

[...langkung] suka manahipun sarta wicantên. Kyai Jiwaraga, kula kaparingan kapal sarta sêrat, inggih sakalangkung panuwun kula sarta bingah, ingkang kaping kalih kula mugi sampeyan suwunakên pangapuntên ing sang prabu mênggah ing kalêpatan kula, dene kula anggêga pawartos ingkang botên prayogi, ing mangke kula amborongakên ing sampeyan. Supados sang prabu sampun ngantos êru galihipun dhatêng kula, kalihan kula angaturi baludru sarta renda tuwin barang sanèsipun. Mugi sampeyan aturakên ing sang prabu. Ki Jiwaraga sangêt bingah ing manahipun. Anuntên pamitan, kumêndur urmat angatêrakên sajawining kori. Lampahipun Ki Jiwaraga sampun dumugi ing Kartasura, sang nata pinuju sinewaka, Ki Jiwaraga wau inggih lajêng sowan angaturakên wiwitan dumugi ing wêkasan, tuwin rêruba saking ing kumêndur kang warni baludru, renda sapanunggilanipun inggih sampun kaaturakên sadaya, sarta aturipun Ki Jiwaraga yèn kumêndur wau sampun ical sakite manahipun. Malah sangêt pangrêpanipun anyuwun pangapuntên. Sang nata sarêng mirêng aturipun Ki Jiwaraga sakalangkung suka ing galihipun, lajêng ngandika dhatêng para dipati, bocahku bupati kabèh, sira padha ngèstrènana, yèn Si Jiwaraga ingsun gawe bupati ing Japara, ingsun paringi jênêng Tumênggung Martapura. Para bupati [bu...]

--- 421 ---

[...pati] sami saur paksi sadaya. Sang nata ngandika malih dhatêng Ki Tumênggung Martapura, Martapura, sira mangkata sesuk marang Japara, sarta layang ingsun paringna marang kumêndur. Martapura matur sandika, lajêng pradangdosan. Ing enjingipun anuntên mangkat kalihan saanakbojonipun tuwin kulawangsanipun sadaya, sadhatêngipun ing Japara lajêng lumêbêt ing loji, sarta amaringakên sêrat. Kumêndur sasampuning maos sêrat sakalangkung suka manahipun, alon ênggènipun wicantên. Kyai tumênggung, sangêt ing sokur kula dene sampeyan angsal sihipun sang prabu kadadosakên bupati wontên ing Japara ngriki, amêsthi badhe kenging kula bekani, panêdha kula mugi sampeyan nuntên yasa padalêman ingkang prayogi. Ki Tumênggung Martapura anuntên pamit dhatêng pamondhokan.

Kacariyos Ki Martapura wau sampun ayasa padalêman sakalangkung sae, sarta sampun mukti sasêntananipun tuwin anak bojonipun. Têtiyang ing Japara inggih sami asih. Sarêng ing lami-lami anuntên wontên tiyang Wêlandi satunggil ambêdhog ayamipun tiyang Jawi, sarêng kawênangan dhatêng ingkang gadhah, Wêlandi wau lajêng dipun cêpêng sarta dipun gêbagi, rai dipun calorèngi ênjêt lan nila, nuntên kauculakên. Tiyang Wêlandi lajêng lapur dhatêng pangagêngipun sarta katur dhatêng pangagêngipun kumêndur. [ku...]

--- 422 ---

[...mêndur.] Kumêndur sarêng sumêrêp sakalangkung duka dhatêng Tumênggung Martapura, pamanahipun kumêndur kawastanan saking pangajanipun Ki Martapura ingkang ambêg digung, adamêl sawênang-wênang dhatêng tiyang Wêlandi, kumêndur wau lajêng adamêl sêrat katur ing sang prabu, anyuwun pêjahipun Ki Tumênggung Martapura, utusanipun kumêndur lajêng mangkat dhatêng ing Kartasura, anjujug ing panangkilan, lajêng angaturakên sêrat, sampun tinampenan ing sang prabu sarta winaos. Sang nata sasampuning maos sêrat sakalangkung duka, pasuryanipun abrit, lajêng angandika dhatêng Arya Sindurêja, Sindurêja, layange kumêndur iki wangsulana, prakara ênggone anjaluk patine Si Martapura, ya bakal ingsun turuti, nanging konên sumêne ing sasi ngarêp iki, ingsun bakal kongkonan bocah bupati marang ing Japara, sun kon matèni marang Si Martapura. Arya Sindurêja matur sandika, utusan saking Japara wau inggih sampun winangsulan.

Kala samantên sang nata ing dalu animbali para bupati lumêbêt ing kadhaton. sang prabu angandika dhatêng Arya Sindurêja, Sindurêja, sira lumakua marang Japara, karo Si Jangrana, têlu Si Mangunonêng, kapat Suranata, kalima Si Binarong, lan sabalane kabèh, Si Martapura sira taria, sarèhning dhèwèke dijaluk patine marang si kumêndur, apa dhèwèke wani anglawana

--- 423 ---

pêrang karo wong Walônda, manawa Si Martapura wani, sira lan sakancanira bupati mau padha ambiyantonana, anglabuhana marang Si Martapura, nanging kang rêmit, aja kongsi angêtarani, ya môngsa bodhoa sira ênggonira angreka, mulane mêngkono, dene si kumêndur mau tanpa ngrasa, wani-wani anjaluk patine bocah ingsun bupati, manawa Si Martapura ora wania banjur wisna pisan, poma sira dibisa sarta dingati-ati. Ki Sindurêja sarta bupati sakawan matur sandika, nuntên sami mantuk apradangdosan. Ing enjingipun lajêng sami mangkat, lampahipun sampun dumugi ing Japara, anjujug ing loji, kumêndur ing Japara inggih amêthuk sarta para upêsiripun, Kumpêninipun sami urmat êdrèl sanjata tuwin mariyêm. Radèn Dipati Sindurêja sarta bupati sakawan sampuning têtabean lajêng binêkta lumêbêt ing loji sarta sinuguhan waradin sabalanipun. Radèn Dipati Sindurêja alon wicantên dhatêng kumêndur, tuwan lampah kula mriki punika, kula kautus ing sang prabu, andikakakên mêjahi dhatêng pun Martapura nanging wêlingipun sang prabu, pun Martapura pêjaha wontên salêbêting loji ing ngarsa sampeyan, tuwin ing ngarsanipun para upsir, kula kaparingan kanthi bupati sakawan. Kumêndur sarêng mirêng sakalangkung suka sarta amangsuli, radèn dipati, sangêt ing tarima [ta...]

--- 424 ---

[...rima] kasih kula ing sih pracayanipun sang prabu kang dhumatêng ing kula tuwin tiyang Kumpêni sadaya, kula rumaos botên sagêd malês. Ki Sindurêja wicantên malih, tuwan, benjing-enjing pun Martapura badhe kula timbali mriki, yèn sampun dhatêng lajêng kula kèn nyuduki dhatêng bupati sakawan punika wontên ing ngarsa sampeyan. Sampeyan mugi angatos-atosa. Kumêndur amangsuli, radèn dipati, kula inggih miturut ing sakarsa sampeyan. Ki Dipati Sindurêja lajêng pamit amasanggrahan. Sarêng wanci ing dalu Ki Dipati Sindurêja apirêmbagan kalihan bupati sakawan sarta Ki Tumênggung Martapura dipun timbali adhêdhêmitan. Radèn Sindurêja angandika dhatêng Ki Martapura, têkaku mrene iki diutus ing sang prabu anari marang kowe, sarèhning kowe dijaluk patimu marang wong Kumpêni, iku kowe apa wani anglawan pêrang, yèn kowe wani aku sarta bupati papat iki dikakake anglabuhi marang kowe. Martapura matur, yèn makatên ingkang dados karsanipun sang prabu, kula inggih anglampahi, sarta kula inggih botên ajrih amêngsah prang kalihan Kumpêni, lan pintên laminipun tiyang gêsang wontên ing donya, ing benjing inggih botên wande badhe pêjah, aluhung pêjah aprang sabil. Ki Dipati Sindurêja mirêng kasagahanipun Martapura, lajêng angandika, yèn mêngkono, [mêngko...]

--- 425 ---

[...no,] sesuk bakal sida rêrêmpon ana sajroning loji, Martapura, yèn aku sesuk wis ana sajroning loji sarta bupati papat iki, kowe bakal dakkongkoni dakundang, ya nuli têkaa, banjur amuka bae, dene aku sarta bupati papat iki ya milu ngamuk lan sabalane kabèh. Ki Martapura matur, inggih sampun sumêlang galih sampeyan. Benjing-enjing tiyang Kumpêni amêsthi tumpês dening kula. Ki Suranata anyambungi, benjing-enjing kula kang nyuduk kumêndur, adhi Jangrana dakbubuhi anyuduk kapitane, kakang Binarong anyuduka lutnane, adhi Mangunonêng alpèrèse, ki lurah anjênêngana bae, aja milu-milu, sabab iku prasasat sarirane sang prabu. Anuntên sami bibaran.

Sarêng enjingipun lajêng sami dangdos, sami angangge gêgamaning prang, sarta amilihi balanipun ingkang pantês kabêkta lumêbêt ing loji, badhe kaajak ngamuk. Radèn Sindurêja balanipun pêpilihan suwidak. Ki Jangrana kawan dasa, Ki Suranata sèkêt, Ki Binarong kalih dasa, Ki Mangunonêng tigang dasa, dados tiyang kalih atus sampun sami angatos-atos, lajêng bidhal saking pasanggrahan. sadhatêngipun ing loji balanipun ingkang kathah sami kadèkèk ing jawi sadaya, amung bala pêpilihan wau ingkang kabêkta lumêbêt. [lu...]

--- 426 ---

[...mêbêt.] Dene kumêndur sarta upsiripun inggih sampun sami lênggah ing kursi, ajêng-ajêngan kalihan para bupati sarta kasêgah inuman. Radèn Dipati Sindurêja nuntên utusan animbali Ki Tumênggung Martapura, utusan inggih sampun mangkat. Sadhatêngipun ing ngriku Ki Martapura kêpanggih tilêm, asêngadi sakit. Bathukipun dipun pilisi ing jêjampi, utusan wau inggih lajêng matur, ki tumênggung, jêngandika dipun timbali ing radèn dipati dhatêng ing loji. Ki Martapura amangsuli, munjuka marang ki lurah, yèn aku lara ngêlu, mumêt ora bisa lumaku. Ing batos Ki Martapura wau sangêt kaduwungipun ênggènipun sagah badhe ngamuk dhatêng Kumpêni, upami wontêna kang sagêd nyandèkakên. Ki Martapura barang darbèkipun suka yèn kapêndhêtana sadaya, utusan wau lajêng wangsul matur ing Radèn Sindurêja, Radèn Sindurêja sarêng mirêng sakalangkung duka, wadananipun abrit dados rah, lajêng ngandika dhatêng Tumênggung Binarong, kakang Binarong, Si Martapura edan, agawe lingsêming nagara, layake anaking wong edan, turuning wong kumpra, kowe mênyanga ngomahe Si Martapura, takonana dhèwèke iku bupati apa wong edan, apa ta wong kumpra, manawa dhèwèke ngaku wong kumpra banjur sudukana bae, kêthok-kêthok gulune, êndhase cangkingên marene, [mare...]

--- 427 ---

[...ne,] yèn dhèwèke ngaku bupati, yagene daktimbali ora têka. Ki Binarong matur sandika lajêng mangkat. Kumêndur alon wicantên dhatêng Radèn Sindurêja sarwi mèsêm. Saudara, lah punika yèn Martapura, wawratipun sampeyan ingkang nimbali purun matur makatên, lêrêsipun sampeyan punika dipun anggêpa sang prabu, yèn sawêg sakit ngêlu kemawon, bok dipun bêtah-bêtahakên. Upami botên sagêd lumampah dipun gotonga inggih pantês. Radèn Sindurêja sarêng dipun unggar-unggar dhatêng kumêndur sangsaya sangêt nêpsunipun, sarwi wicantên, tuwan, sampeyan antos sadintên punika, pun Martapura amêsthi badhe pêjah dening kula. Kumêndur sakalangkung suka ing manahipun. Wondene lampahe Ki Binarong wau igih sampun dumugi ing griyanipun Martapura, Ki Martapura kêpanggih tilêman sarwi kêmul. Ki Binarong abêngis wicantênipun dhatêng Martapura, hèh Martapura, kowe iki anak nguwong apa anaking asu, aku diutus ing ki lurah dikakake mriksani marang kowe, kowe isih dhêmên dadi bupati apa wis korucat gonmu dadi bupati, angulihi wijiling bêburuh, yèn kowe sumêja dadi buruh manèh, aku dikakake nyangking êndhasmu. Ki Martapura mirêng wicantêne Ki Binarong sakalangkung kagèt, lênggah sarta amangsuli,