Sastra Jawa

Program Digitalisasi Sastra Daerah

  • Increase font size
  • Default font size
  • Decrease font size

Babad Tanah Jawi, Meinsma, 1874, #778 (Hlm. 523-600)

Katalog:Babad Tanah Jawi, Meinsma, 1874, #778
Sambung:
1.Babad Tanah Jawi, Meinsma, 1874, #778 (Hlm. 001-085). Kisah, Cerita dan Kronikal | Babad Tanah Jawi #771.
2.Babad Tanah Jawi, Meinsma, 1874, #778 (Hlm. 086-168). Kisah, Cerita dan Kronikal | Babad Tanah Jawi #772.
3.Babad Tanah Jawi, Meinsma, 1874, #778 (Hlm. 169-260). Kisah, Cerita dan Kronikal | Babad Tanah Jawi #773.
4.Babad Tanah Jawi, Meinsma, 1874, #778 (Hlm. 261-345) . Kisah, Cerita dan Kronikal | Babad Tanah Jawi #774.
5.Babad Tanah Jawi, Meinsma, 1874, #778 (Hlm. 346-427). Kisah, Cerita dan Kronikal | Babad Tanah Jawi #775.
6.Babad Tanah Jawi, Meinsma, 1874, #778 (Hlm. 428-522) . Kisah, Cerita dan Kronikal | Babad Tanah Jawi #776.
7.Babad Tanah Jawi, Meinsma, 1874, #778 (Hlm. 523-600) . Kisah, Cerita dan Kronikal | Babad Tanah Jawi #777.
8.Babad Tanah Jawi, Meinsma, 1874, #778 (Hlm. 601-688) . Kisah, Cerita dan Kronikal | Babad Tanah Jawi #778.

--- 523 ---

Kapitan Kênol kadhawahan anggêbag bala Kartasura kang baris ing Dêmak, angirit Kumpêni sabrêgada, akanthi bala Madura sèwu, têtindhihipun ingkang putra panêmbahan anama Radèn Suradiningrat kalih Radèn Dêmang, bala ing Surabaya sèwu, têtindhihipun Panji Surèngrana, ingkang tinuduh anggêbag bala ing Kartasura kang baris ing Tugu tanah Kêdhu, Kapitan Gusman ambêkta Kumpêni sabrêgada, kanthi bala Madura sèwu, bala Surabaya wolung atus, têtindhihipun Radèn Tumênggung Natadiningrat kalihan Arya Jayapuspita, sadaya wau sarêng ing angkatipun. Wondene ingkang dhatêng ing Têgal inggih sampun campuh prang, bala ing Kartasura lumajêng. Ingkang dhatêng ing Tugu saklangkung rame prangipun. Sabab sami ing purunipun. Mêngsah rewang kathah ingkang pêjah, têtindhihipun bala ing Kartasura Ki Tumênggung Mangkuyuda lan Natayuda tansah anêrêgakên bala, gumulung sarêng magut. Bala Madura Surabaya tadhah, kang sampun pêjah dèn idak kemawon. Bala Kumpêni anulungi ngarutug ing sanjata, bala ing Kartasura gulagêpan kathah kang pêjah, nuntên sami lumajêng arêbat gêsang. Wondening bala ing Kartasura kang baris ing Dêmak, têtindhihipun Ki Arya Mandurarêja, kalih Tumênggung Wirasêtra, tiga Wirawôngsa inggih sampun têmpuh prang, bala ing Kartasura sumêja pêngkuh, nanging botên tahan kajawahan mimisipun bala Kumpêni sarta kathah kang pêjah, lajêng dhadhal angungsi ing Têmbiring, ingêlud dhatêng bala Kumpêni tuwin bala Madura, bala ing Kartasura lumajêng sumêja mantuk dhatêng ing Kartasura. Bala ing Pakubuwanan sarta Kumpêni sampun sami wangsul dhatêng ing Samawis. Palajêngipun ingkang sami kawon prang sampun sami dumugi ing Kartasura, matur ing sang prabu yèn kawon pêrangipun. Sabab aprang kalihan Kumpêni, kalih dene Pangeran Pugêr samangke sampun jumênêng ratu anama Kangjêng Susuhunan Pakubuwana, tiyang saurutipun pasisir tuwin Madura sampun sami suyud, sarta sampun sami ngalêmpak wontên ing Samawis, kathahing

--- 524 ---

bala tanpa wilangan. Ing samangsan-mangsanipunsamôngsa-mangsanipun. badhe tumuntên bidhal ambêdhah ing Kartasura. Sunan Mangkurat Mas sarêng mirêng pawartos makatên anglês ing galihipun sarta awuyungan. Ing batos sangêt kaduwung ênggènipun anyakitakên galihipun Pangeran Pugêr rumiyin. Nanging ing lairipun sangêt duka, lajêng parentah dhatêng kêkasihipun paranakan Cina, anama Tumênggung Jayaningrat. Andikakakên baris wontên ing Ungaran, amêpêtana margi, mila Ki Tumênggung Jayaningrat, ingkang pinatah abaris ing ngajêng piyambak. Sabab kathah balanipun tiyang têtumbasan. Bugis, Makasar, Bali tuwin Cina, inggih awit saking karsanipun Sunan Mangkurat Mas. Sarta Ki Jayaningrat wau sangêt ênggènipun dipun pitados dhatêng sang nata, Ki Jayaningrat inggih sampun mangkat saking Kartasura, sarta kinanthenan bupati kêkalih sabalanipun. Dumuginipun ing Ungaran lajêng abêbiting sarta ajêjagang. Sunan Mangkurat Mas nuntên parentah malih dhatêng Ki Dipati Sumabrata, kinèn baris ing Salahtiga, sarta para bupati môncanagari, Banyumas, Kêdhu, Bagêlèn, tuwin para bupati ing nagari Kartasura sabalanipun kinêrig, kinèn sami baris ing Salahtiga, kang minôngka senapatining prang Ki Dipati Sumabrata, inggih sampun sami mangkat. Lampahing gêgaman andalêdêg kados toya mêdal saking rong, sadhatêngipun

--- 525 ---

ing SalahtigaSalatiga (dan di tempat lain). lajêng abêbiting wontên ing Kalicacing, bala kathah sami tata pakuwon. Untabing bala kados kapuk kapracondhang ing samirana, saklangkung agêng barisipun. Dene ingkang tinuduh abaris ing Bayalali para santana sadaya têtindhihipun Pangeran Arya Mataram, punika ingkang sagah angêmbari pêrangipun Sunan Pakubuwana, mila sangêt dèn ugung dhatêng Sunan Mangkurat Mas.

Gêntos kacariyos nagari ing Samawis, sakalangkung rêja, rintên dalu tansah sami kasukan. Bala ing Kartasura sampun kathah ingkang sami nungkul dhatêng ing Samawis. Sunan Pakubuwana ing sabên dintên Sêptu miyos watang kalihan para bupati mantri, yèn ing dintên Sênèn Kêmis miyos sinewaka, sabibare sinewaka lajêng kasukan badhayan, sarta babêksan gambuh para bupati sarta para putra sami gêntos-gêntos. Pangeran Dipati Anom ambêksa rangin, têtandhing kalihan panêmbahan. Kang aningali sami kasmaran. Nuntên wontên putranipun mantu èstri Ki Dipati Samawis, anama Bok Martayuda, ingkang jalêr dados carikipun sang prabu, sampun darbe putra kêkalih, Bok Martayuda wau yèn ing Samawis sampun anglangkungi ayunipun. Kala samantên Bok Martayuda sowan ing sang prabu aningali kang sami babêksan. Sarêng aningali bêksanipun pangeran dipati, [dipa...]

--- 526 ---

[...ti,] sangêt gènipun kasmaran, kumyus karingêtipun, gêlungipun lukar, mripatipun kumêdhèp têsmak. Lajêng dipun jawil dhatêng rencangipun èstri anama Biyang Garêm, kaajak lênggah nyanès. Pangeran dipati sumêrêp ing solahipun Bok Martayuda wau, sabibaring bêksan lajêng amurugi, sarta sagah badhe dhatêng griyanipun ing wanci dalu, Bok Martayuda inggih sampun mantuk. Sarêng ing wanci dalu Ki Martayuda kêmit ing pasanggrahanipun sang nata, pangeran dipati sampun têdhak mriku kêpanggih kalihan Bok Martayuda, andumugèkakên sakarsanipun. Ki Martayuda kang sawêg kêmit wau botên sakeca manahipun. Nuntên mantuk sumêja nyambangi griya, sarêng dugi ing griya mirêng swaraning tiyang jalêr wicantênan kalihan semahipun. Nuntên kainjên. Botên pandung yèn pangeran dipati, Ki Martayuda kanggêg ênggènipun nêpsu, lajêng adhèhèm-dhèhèm saking ing jawi, pangeran dipati sarêng mirêng dhèhèm, enggal mêdal ing korining griya wingking, lumajêng ambêdhah pagêr. Ki Martayuda enggal lumêbêt ing griya, Bok Martayuda mêthukakên sarwi dhodhok ing siti, Ki Martayuda nuntên angukêl gêlungipun kang èstri sarta jinêjêkan, linarak, tinapukan jinagur, tinabokan, sinotho. Ingkang èstri nangis anjêrit sarta wicantên. Aku nuli ukumên mati, wong dhasar nyata culika

--- 527 ---

tindakku, mung ajaora. kolêlara bae. Ki Martayuda sumaur sarwi mêmisuh, aja susah kojaluk, mêngko kowe mêsthi takpatèni, nanging daklara dhingin. Ki Martayuda nuntên nyandhak kursi, dèn antêbakên dhatêng kang èstri, Bok Martayuda kantu, gumuling ing siti, Ki Martayuda lilih nêpsunipun. Nuntên katilar tilêm mujung. Bok Martayuda èngêt lajêng tangi, sarêng aningali ingkang jalêr tilêm nuntên mêdal saking griya, sumêja purik dhatêng pasanggrahanipun sang prabu, lampahipun wontên ing margi tansah sêsambat pangeran dipati, dene anilar lumajêng botên darbe wêlas. Sarêng wanci byar dumugi pasanggrahan dalêm. Bok Martayuda lajêng sowan dhatêng pramèswarinipun sang prabu, kang nama Ratu Pakubuwana, matur ing kawitan dumugi wêkasan. Sori nanata. saklangkung ngungun, nuntên enggal matur dhatêng sang prabu, sang nata sarêng mirêng saklangkung gugup, enggal utusan animbali Ki Martayuda, Ki Martayuda pinanggih taksih tilêm, nuntên ginugah dhatêng utusan. Inggih lajêng tangi tumuntên sowan alênggah tumungkul. Sang nata alon ngandika, kulup Martayuda, bojonira purik marene, tutur yèn kopala, amarga cêlor lan si dipati, kang iku kulup, muga aja dadi sake pikirmu, mupusa yèn lagi kêna rêncananing iblis, amurih pêcahe wong saduluran. Dene yèn [yè...]

- -- 528 ---

[...n] sira wis cuwa marang rabinira ingsun kang anglironi, sira amilihana bocah ingsun wadon kang ana sajroning pasanggrahan iki kabèh, êndi kang sira sênêngi ya ingsun paringake, akathah-kathah pangrapunipun sang prabu wau. Ki Martayuda sarêng mirêng andikanipun sang nata lajêng lilih nêpsunipun, atêmahan waspa, kaemutan yèn ngabdi, anuntên matur, gusti, bilih amarêngi lêga galih dalêm, abdi dalêm bojo kula kemawon kula suwun malih. Sang nata angandika, iya sokur kulup. Nanging wêkas ingsun, bojonira aja sira larani bae, lan aja sira sakake atine. Martayuda matur sandika. Sang nata lajêng dhêdhawah dhatêng ingkang garwa, andikakakên maringakên Bok Martayuda, Bok Martayuda inggih sampun kawêdalakên, sarta akathah-kathah pawulangipun sang pramèswari, kalihan pinaringan arta tuwin busana, Ki Martayuda inggih sampun mantuk sarimbit.

Kacariyos wontên Wêlandi dhatêng ing Samawis saking ing Batawi, anama Amral Sêpilman, ambêkta Kumpêni gangsal atus, sampun kêpanggih kalihan sang nata lajêng atêtabean. Tuwan Amral matur, sinuhun, kula dipun utus ing pun kaki gurnadur jendral angaturakên tabenipun sarta tabenipun para rad sadaya, kaping kalih pun kaki jendral angintuni rajabrana awarni-warni [awarni...]

--- 529 ---

[...-warni] katur ing panjênêngan dalêm sarta para putra sadaya, kaping tiga, kula sarta Kumpêni gangsal atus kabantokakên ing panjênêngan dalêm, mugi kaabêna pêrang, ingkang kaping sakawan, bilih ing panjênêngan dalêm marêngi, pun Kapitan Kênol kainggahakên komasaris, kalih ing Samawis ngriki badhe kadekekan kumêndur, dene ing Japara badhe kadekekan petor kemawon. Ingkang kaping gangsal, pun Adipati Sura Adimênggala kalilanana botên sowan ing sabên kala môngsa, yèn botên sarêng kalihan kumêndur ing Samawis. Punapa malih panuwunipun kaki jendral, tulusa ênggènipun pawong sanak sang nata kalihan tiyang Wêlandi, ing sapancoronging wulan, sagêbyaring surya gèning pawong sanak sampun ngantos ewah, sarta sintên kang sumêja adamêl awon, sampun ngantos amanggih raharja. Sang nata mangsuli trima kasih, sarta sampun amarêngi ingkang dados aturipun Amral wau sadaya, nuntên ing loji Samawis ngungêlakêmngungêlakên. maryêm ambal-ambalan. Amral lajêng angaturakên buk prajangjean satunggil, kacêpêng Amral piyambak satunggil. Kala samantên ênggènipun prajangjean pinuju ing dintên Kêmis ping, 29 wulan, Jumadilawal taun Jimawal, 1629.

Anuntên Ki Tumênggung Jayaningrat kang abaris ing Ungaran angaturi [a...]

--- 530 ---

[...ngaturi] ngaturi sêrat panungkul dhatêng susuhunan ing Samawis, sarta anyagahi padhanging margi, ananging gadhah panuwun siti dhusun ing Bahrawa, sang nata inggih sampun amarêngi. Sang prabu lajêng parentah dhatêng panêmbahan tuwin dhatêng para bupati sadaya, kinèn sami samêkta ing prang, sang nata badhe tumuntên ngalurug dhatêng ing Kartasura, panêmbahan alon matur, bilih amarêngi sang nata sampun ngantos têdhak ngalurug piyambak, eca-eca kasukan wontên ing Samawis, ingkang ambêdhah ing Kartasura kula kalihan pun Adipati Surabaya kemawon. Sabab dèrèng lêga manah kula, yèn kula dèrèng agêntos lawung kalihan pun Kêncèt. Ing saupami kula botên sagêd ambêdhah ing Kartasura, aluhung kula mantuka aran, dene yèn ing Kartasura sampun bêdhah, kula inggih tumuntên wangsul amondhongi ing sang nata. Sang prabu alon amangsuli, yayi panêmbahan utawa yayi ing Surabaya, ya wis ingsun tarima ing sakèhe prasêtyanira, nanging karsaningsun kudu wêruh ing gêblage badanira yèn kapupu ana ing adilaga. Panêmbahan sarta Dipati Jangrana lajêng tumungkul, botên sagêd mangsuli saking sangêt asihipun sang prabu, anuntên mundur saking ngarsane sang nata angundhangi bala samêktaa ing prang, sarêng balanipun sampun pêpak sarta sampun samêkta, lajêng bidhal saking Samawis. Lampahing

--- 531 ---

bala anggêrgut, ingkang dados panganjur bala Madura, nuntên kasambatan bala Surabaya, sang nata munggèng têngah amangku bala Kumpêni, anitih kuda gula gêsêng, bala pasisir wontên ing wingking, gêgamanipun yèn tiningalan saklangkung asri, apindha sêkar sataman. Balanipun sang nata awarni-warni, tiyang sabrang lan tiyang Jawi kathahipun tanpa wilangan, kados mêndhung alêlampah, sang nata nuntên lêrêp wontên ing Ungaran. Pangajênging bala sampun dumugi ing Lopait. Kala samantên Tuwan Komasaris kênol wicantên dhatêng Amral. Amral, mêngko jam lima sore ayo padha seba marang sang prabu, aku arêp nyênyuwun, mupung sêpi para bupati ana ing pondhoke dhewe-dhewe, yèn ana Ki Dipati Samarang môngsa olèha. Amral anuruti, sarêng ing wanci jam gangsal sontên kumasaris kalihan Amral sami sowan ing sang prabu, sang nata pinuju lênggah piyambak. Komasaris alon matur, sinuhun, awit saking parentahipun jendral, kula akalihan tiyang Kumpêni sadaya kinèn sumaos ing karsa dalêm, kaabêna prang, sanajan pêjaha awor kalihan siti inggih botên gumingsir, nanging mugi wontêna sih kawêlasan dalêm, amaringi uwos sèwu koyan ing sabên taun, dados saingonipun tiyang Kumpêni ingkang rumêksa ing panjênêngan dalêm. Sintên [Sintê...]

--- 532 ---

[...n] malih ingkang kuwajiban sanèsipun panjênêngan dalêm, utawi ingkang dipun ajêng-ajêng tiyang Kumpêni sadaya inggih amung kêkucah dalêm, sarta têtêpipun wontên ing tanah Jawi. Sang nata botên mangsuli pangandika, amung manthuk kemawon. Amral kalihan komasaris lajêng sami nyêrat pratôndha, kaaturakên sang prabu, sarta anyuwun tôndha astanipun sang prabu, yèn sampun amarêngi ing panuwun wau, Amral kalihan komasaris sampun mundur saking ngarsa dalêm. Sarêng dumugi pondhokipun lajêng angungêlakên maryêm kaping pitu, angurmati yèn panuwunipun wau sampun angsal. Para bupati sami kagèt, anarka wontên mêngsah, enggal sami sowan ing sang prabu, sang nata inggih lajêng wêwartos dhatêng para bupati, Ki Dipati Sura Adimênggala sarêng mirêng sangêt gêgêtun, sarwi matur anênutuh, punapaa panjênêngan dalêm wau botên animbali kula, ing saupami kula wontêna,wontên. panyuwunipun tuwan komasaris wau kados botên angsal. Kalih dene panjênêngan-dalêm sumêrêpa, watêkipun tiyang Kumpêni punika saklangkung naracak. Yèn angsal bancik lajêng minggah ing pundhak. Têgêsipun, bilih dipun lêgani manahipun wêwah-wêwah ing pikajênganipun. Sang nata sangêt ngungun, alon ênggènipun ngandika, puluh-puluh kapriye, ki besan, wong wis katrucut ingsun saguhi, ing buri [bu...]

--- 533 ---

[...ri] bae ingsun ati-atine. Sang nata lajêng pirêmbagan bab pêrang, angandika dhatêng Panêmbahan Cakraningrat. Adhi mas, sarèhning pawartaning mungsuh kang baris ana ing Salahtiga ngluwihi akèhe, bitinge bangêt santosa, miranti sagêgamane, iku adhi, sapa prayogane kang digawe cucuking prang. Panêmbahan matur, bilih amarêngi kalihan karsa dalêm, anak kula pun Suradiningrat kemawon dadosa cucuking prang, akalihan pun Jayapuspita, tiga pun Panji Surèngrana, ambêktaa bala Maduntên sarta bala Surabaya pêpilihan kalih èwu kemawon, ingkang purun angrangsang biting, sang nata lajêng ngandika dhatêng Radèn Suradiningrat, kalih Arya Jayapuspita, tiga Panji Surèngrana, kulup Suradiningrat sarta Adi sakarone, sira padha ingsun karsakake dadi cucuking prang, dene wêkas ingsun, yèn sakira sira kuwalahên angungsia marang ingsun, aja angamuk, eman mênawa mati, sanajan sira matia barêng balaningsun, ingsun ora sumêja kèri mati lan sanak ingsun kang padha asih marang ingsun. Priyantun tiga sarêng mirêng pangandikanipun sang nata lajêng sami bêrbês mili, sarta sami pratignya, yèn botên sagêd angrêbat biting, bingah sami pêjaha wontên samadyaning ranagana.rananggana. Sang prabu sarêng mirêng enggal têdhak saking ênggènipun lênggah, priyantun têtiga sami karangkul gêntos-gêntos, sarta [sar...]

--- 534 ---

[...ta] alon ngandika, wis, sira padha mangkata, ingsun dongakake salamêt. Priyantun têtiga lajêng mangkat kalihan bala tigang èwu, gambira manahipun dhasar sami bèr ing kuwanèn. Wondene sang prabu lajêng pirêmbagan kalihan para bupati tuwin para satriya, mênggah ingkang dados karsanipun sang nata inggih saupami kawon prangipun, botên karsa pradandosana malih, sumêdya seda wontên ing adilaga, para bupati tuwin satriya inggih sampun sami gilig pirêmbagipun, sabiyantu sarênga pêjah, sang prabu nuntên parentah anata lampahing bala, ingkang minôngka pamugariningpramugarining. prang panêmbahan kalihan Ki Dipati Jangrana, sarêng sampun karakit nuntên bidhal. Ingkang dados panjawat kiwa têngên Ki Dipati Jangrana kalihan panêmbahan. Ingkang dados dhadha bala Kumpêni, sang nata wontên wingkingipun bala Kumpêni, sarta rinêksa bala Maduntên kalih èwu wontên sakiwatêngênipun sang nata, bala pasisir lumampah ing wingking gumuruh swaraning bala awor têtabuhaning prang, samargi sami surak-surak.

Gêntos kacariyos Ki Patih Sumabrata lan sakancanipun para bupati, ingkang sami bêbarisan wontên ing Kalicacing, sampun mirêng pawartos yèn gêgaman ing Samawis sampun bidhal, kathahipun tanpa wilangan, sumêja ambêdhah ing Kartasura, ki patih nuntên parentah anata [ana...]

--- 535 ---

[...ta] bala sarta anata maryêm, lela, kalataka sapanunggilanipun, dipun papanakên wontên ing balowartining biting, ki patih sumêdya mêthuk prang saking salêbêting biting kemawon. Kancanipun para bupati sami kapundhut prasêtyanipun, supados sampun wontên kang ngucira pêrangipun. Bilih wontên ingkang galigab badhe kapêjahan piyambak dhatêng ki patih, para bupati inggih lajêng sami sumaur pêksi, sarta sami jangji êndhog sapatarangan, sarênga pêjahipun. Ki patih nuntên parentah dhatêng Ki Banyakwidhe kalih Pangeran Balitar, kinèn dados pacalang lan sabalanipun. Ingkang kadhawahan inggih lajêng mangkat sarta sami angatos-atos.

Botên dangu bala Maduntên sarta Surabaya dhatêng, lajêng campuh prang, bala ing Kartasura sami gila aningali tandange mêngsahipun, nuntên lumajêng angungsi ing biting, bala Maduntên ambujêng, biting ing Kalicacing sampun katingal, kathahing bala tanpa wilangan, anggamêng mindha mêndhung, angêbêki ara-ara sakiwatêngêning biting, Arya Jayapuspita sarêng aningali kathahing mêngsah saklangkung eram sarta gèdhèg-gèdhèg. Alon ênggènipun wicantên dhatêng balanipun. E bocah ing Surabaya sarta wong Madura, dialon ênggonmu lumaku, wong têlung èwu iki dudu bobote amungsuh

--- 536 ---

wong samana, mêsthi bakal ora dadi salilid. Bêcik angêntèni bala Kumpêni ing buri. Panji Surèngrana amangsuli, kakang Jayapuspita, sampun kêkathahên pikir, mêngsah kang katingal punika inggih sayêktos yèn anglangkungi kathah, nanging bilih kula timbang kalihan sihipun sang prabu dhatêng kula taksih kirang mêngsah. Arya Jayapuspita kalihan Radèn Suradiningrat mèsêm, lajêng sami nêrêgakên bala, gumulung sarta surak. Bala ing Kartasura anadhahi sarta sami nyumêt maryêm ingkang sami wontên ing biting tuwin sanjata botên kèndêl. Bala Madura tuwin Surabaya kathah kang pêjah kenging mimis. Rêbah pating sulayah, nanging dèn idak kemawon, majêng anurut kukus. Sang prabu sarêng mirêng swaraning sanjata, ambal-ambalan kados rêdi rêbah, lajêng ginêlak lampahipun. Sang nata sarêng aningali bala Madura tuwin Surabaya kangelan sangêt ênggènipun angrêbat biting, sabab katulak dêrêsing mimis. Sang nata enggal nyandhak agêmanipun waos Kyai Plèrèd, pinandhi ing asta, sumêja tumut angrampit biting. Bala Madura kalih èwu kang sami rumêksa sakiwatêngênipun sang prabu, sarêng aningali sang nata sumêja nyalirani ngrêbat biting, enggal sami majêng anglancangi sarwi surak, tumut angrangsang biting. Panji Surèngrana, kalih Arya Jayapuspita, tiga Radèn Suradiningrat [Su...]

--- 537 ---

[...radiningrat] sarêng aningali balanipun kathah kang tatu tuwin pêjah botên sagêd malês. Priyantun têtiga enggal sami têdhak saking kuda, ngrumiyini tumèmpèl ing biting, balanipun enggal sami ngrangsang biting, sami anjat lawung, yèn sinawang kados sompil ngrubung watu, bala Kartasura sakeca ênggènipun nadhahi saking sanginggiling biting, maryêm tuwin sanjatanipun botên kêndhak-kêndhak, swaranipun kados rêdi rêbah, angobahakên bantala, ing paprangan pêtêng dening kukus. Dangu-dangu bala Madura tuwin Surabaya sampun sami lumêbêt ing biting, tandangipun lir samisima. angrêbat daging, bala Kartasura panggah, pêjah sanjata, atarung waos, pêdhang tuwin dhuwung, pating barêkuh swaranipun, awor sêsambatipun ingkang sami tatu, kumêncranging pêdhang, cêklèking watang, arame prangipun, wangke tumpang-tinumpang, kang pêrang sami ngidak bêbathang, priyantun têtiga wau sami liwung pangamukipun. Sariranipun kuthah rah, bala kumpêni sami ngarutug ing sanjata tuwin maryêm. Mêngsah kang wontên sakiwatêngêning biting kathah kang pêjah, kenging mimisipun bala Kumpêni. Panêmbahan Cakraningrat ingkang dados panjawat kalihan Ki Dipati Jangrana inggih pêrang kalihan bala Kartasura kang dados panjawat, arame prangipun kathah kang sami pêjah, Ki Patih Sumabrata sadangunipun sakeca lênggah sarta pinayungan. [pinayung...]

--- 538 ---

[...an.] Sarêng sumêrêp yèn bitingipun sampun kalêbêtan bala Maduntên, ki patih enggal ngadêg sarwi nêrêgakên bala, bala Kartasura ambyuk sarêng mangsah, kang aprang bangun rukêt malih. Kacariyos bala ing Surabaya sarta Madura ewon kang sami pêjah, bala ing Kartasura inggih ewon ugi, sabab sami purunipun. Anuntên bala Kartasura kang dados panjawat dhadhal, lumajêng sadaya, panêmbahan sabalanipun sumêja nangkêbi mêngsah kang wontên ing biting, Ki Patih Sumabrata awas aningali yèn barisipun linikung, ki patih enggal nyengklak kuda, lumajêng atilar bala, bala ing Kartasura kang taksih gêsang inggih lajêng nututi lumajêng sapurug-purug pating balêsar, bala ing Pakubuwanan suka sami bêbandhang.

Palajêngipun Ki Patih Sumabrata sampun dumugi ing Bayalali, kang baris ing ngriku para santana têtindhihipun Pangeran Arya Mataram. Punika kang sagah nanggulang prangipun Susuhunan Pakubuwana, mila sangêt dèn ugung dhatêng Sunan Mangkurat Mas. Bilih mênang prangipun kaêbang badhe kapasrahan bang-bang pangalum-alum ing tanah Jawi sadaya sarta lêlênggah sabin salêksa, kala samantên pangeran sawêg sakeca lênggah, kagèt aningali Ki Sumabrata dhatêng abiyas ulatipun. Pangeran gugup ênggènipun pitakèn. Ki Sumabrata sanjang yèn kawon prangipun sarta giris aningali

--- 539 ---

tandangipun bala Madura ênggènipun ngrangsang biting kados rewônda, tan mundur dening mimis, pêpêjahipun ewon. Anuntên têlikipun Pangeran Arya Mataram dhatêng, aturipun sami ugi kalihan Ki Sumabrata, kalih dene aturing têlik, yèn sang nata samangke makuwon ing Salahtiga, balanipun warni-warni tanpa wilangan, angêbêki ara-ara tuwin patêgilan. Sang nata wau sampun rêmbag sabiyantu kalihan balanipun sadaya, yèn saupami katèmpêr prangipun botên karsa mundur apradangdosan malih, sumêja têtumpêsan wontên ing paprangan, dalasan ingkang para garwa inggih sumêja bela pêjah. Pangeran Arya Mataram sarêng mirêng angênês manahipun sarta aclum ulatipun. Ki Sumabrata sampun mangkat mantuk dhatêng Kartasura. Pangeran lajêng apikir salêbêting galih, aku iki bakal mungsuh lan sadulur, kang dakiloni kaponakan, mungguh ing tindake cêdhak sadulur, angur aku gawea bêbêcik dhingin marang kakang prabu. Pangeran nuntên anglampahakên utusan dhatêng Salahtiga, abdinipun anama Wôngsamênggala kinèn angaturakên prasêtyanipun, sarta kathah-kathah wêwêlingipun. Ki Wôngsamênggala sampun mangkat.

Gêntos kacariyos sang nata ingkang makuwon ing Salahtiga, sawêg sineba ing balanipun. Sang nata

--- 540 ---

andangu pratingkahing prang kala angrêbat biting, Arya Jayapuspita, kalih Radèn Suradiningrat, tiga Panji Surèngrana sami matur ing kawitan dumugi wêkasan. Sang nata sarêng mirêng saklangkung suka, priyantun tiga lajêng sami ginanjar busana nyapêngadêg, mawi waos tuwin dhuwung sasaput prantinipun. Sarta botên kèndêl-kèndêl panggunggungipun dhatêng priyantun têtiga wau. Anuntên Panêmbahan Cakraningrat matur yèn wontên utusanipun Pangeran Arya Mataram. Utusan sampun tinimbalan sarta matur, kawula ingutus rayi dalêm Pangeran Arya Mataram, angaturakên ingkang pêjah gêsang, anungkul ing panjênêngan dalêm, nanging mawia samudana pêrang sakêdhap. Wondene padhange ing margi rayi dalêm ingkang anyagahi, sarta badhe angesahakên Sunan Mangkurat Mas saking kadhaton. Sang nata amangsuli, yèn mêngkono dhimas wis ora sida ênggone bakal angayoni marang ingsun. Sira tutura marang adhi mas, mungguh ênggone têluk ya wis ingsun tarima, wis sira muliha. Utusan nuntên wangsul dhatêng Bayalali agêgancangan. Sampun kêpanggih kalihan gustinipun, matur ing kawitan dumugi wêkasan. Pangeran Arya Mataram saklangkung suka galihipun. Lajêng parentah anata bala, badhe amêthuk prang, balanipun para santana sampun sami angatos-atos. Saking kathahing [kathah...]

--- 541 ---

[...ing] bala saking Bayalali barisipun ngantos dumugi ing Kênthèng.

Wondene Susunan Pakubuwana inggih sampun bidhal saking Salahtiga sabalanipun. Ingkang dados panganjur taksih bala Madura lan Surabaya, samargi-margi tansah surak-surak, Carabalènipun angungkung, awor swaraning tambur, lampahipun sampun dumugi Kênthèng, bala Madura sarêng aningali mêngsah enggal sami nêmpuh purun, angrêbat mêngsah, bala ing Kartasura gila ningali, senapatinipun sampun ngrumiyini lumajêng, balanipun inggih nuntên nututi lumajêng, gumarubyug salang tunjang, swaranipun kados ngobahakên siti, gêgaman tuwin dandosan kathah-kathah kang tinilar, bala Madura sarta Surabaya suka sami ambêbandhang. Palajêngipun Pangeran Arya Mataram sampun dumugi ing Asêm. Dene kang baris ing ngriku Ki Tumênggung Wiraguna sarta para bupati lêbêt sadaya, sami abêbiting wontên ing ngriku, sabab karsanipun Sunan Mangkurat Mas badhe amêthuk prang wontên ing Asêm. Sampun gêganjar dhatêng prajuritipun, tuwin abdinipun kala taksih kadipatèn inggih sampun sami dipun ganjar ing arta tuwin busana kang adi-adi, rajabrana ing kadhaton winutahakên dhatêng abdi, sarta sampun sami baris wontên ing alun-alun, sami angajêng-ajêng unggule prangipun Pangeran [Pa...]

--- 542 ---

[...ngeran] Arya Mataram, sabab punika ingkang dados andêl-andêlipun Sunan Mangkurat Mas. Botên wontên kang nyana yèn ambalenjani. Pangeran Arya Mataram wau sarêng dhatêng wontên ing Asêm lajêng wicantên sêru dhatêng tiyang kathah taksih numpak kapal. He wong Kartasura kabèh, dikêbat padha lumayua, aku wis ora kuwawa amungsuh wong Kumpêni sarta wong Madura, gustimu ora wurung bakal kendhang, kang ngiringake sapa. Ki Tumênggung Wiraguna lan bala kang sami baris ing Asêm lajêng sami dhadhal lumajêng sadaya, wondene Pangeran Arya Mataram wau inggih sampun dumugi ing kadhaton, kêpanggih kalihan sang prabu, atêbah jaja sarwi nyêgut,nyêbut. sêru ênggènipun matur, anak prabu, pun bapa katiwasan, ênggèn kula prang kawon, sabab amêngsah dede sêsanggan. Bala sampeyan kathah kang pêjah, kula yèn sampuna èngêt atilar sampeyan kados inggih anêmahi pêjah, sabab mêngsah kula ewon kathahipun. Sasolahipun kados tiyang potang kasêngitan. Dene paman jêngandika Kangmas Pugêr inggih sampun supe ing sadulur, kalimput ing kawibawan. Wondene parentahipun Cakraningrat kalihan pun Jangrana mêngkatên dhatêng balanipun. Hèh bocah Madura lan Surabaya, samangsane sira olèh anyêkêl para santana ing Kartasura, aja ana koprajaya, [kopra...]

--- 543 ---

[...jaya,] padha wudanana bae, banjur tunggangêna kêbo bari mungkur, pêcutana saka buri, dene ratune yèn kacandhak ya banjur wudanana mêngkono, pandugi kula panganjuring mêngsah sadintên punika dhatêng wontên ing ngriki, mila suwawi nuntên enggal kendhang, arêbat gêsang, pintên banggi ing benjing yèn sagêd wangsul dhatêng Kartasura malih, samangke sokugi taksih agêsang, kula ingkang rumêksa ing wingking sampeyan, dados kawaling prang. Susuhunan Mangkurat Mas sarêng mirêng atur makatên sangêt kagegeran galihipun. Lajêng parentah dhatêng para garwa tuwin para putra kinèn sami pradandosan. Otêr tiyang sakadhaton sami nangis pating jalêrit. Sunan Mangkurat Mas inggih tansah anênggak waspa, nuntên mêdal saking kadhaton sagarwaputranipun. Para bupati mantri inggih sami andhèrèk ingkang sami trêsna, kala jêngkaripun Sunan Mangkurat Mas, ing dintên Kêmis tanggal ping 7 wulan Jumadilakir, taun Jimawal ôngka 1629. Lampahipun Sunan Mangkurat Mas ngetan lêrês mêdal ing Lawiyan, sumêja anjog ing Kaduwang, wondene Pangeran Arya Mataram, kalih Pangeran Panular, tiga Pangeran Natakusuma mikantun, botên tumut kendhang, lajêng sami dhatêng Kalitan, sumêja mêthuk ing Sunan Pakubuwana sarta ambêkta sasêgah kathah.

--- 544 ---

Gêntos kacariyos Susuhunan Pakubuwana amasanggrahan ing Mojolêgi, balanipun tiyang Madura utawi tiyang Surabaya samargi-margi tansah angrêrayah ambêboyong, cucuking pêrang sampun dumugi ing Kalitan. Panêmbahan Cakraningrat, kalih Dipati Jangrana, tiga Tuwan Amral Sêpilman, sampun ngrumiyini dhatêng ing Kalitan, kêpanggih kalihan pangeran têtiga wau, sampun sami tata lênggah, Amral pitakèn dhatêng pangeran têtiga, pangeran, Sunan Mangkurat Mas samangke wontên pundi, Pangeran Arya Mataram mangsuli, nyariyosakên ing kawitan dumugi wêkasan. Tuwan Amral saklangkung suka manahipun. Amral sarta para bupati lan sabalanipun sampun sami dhahar sêsêgahipun pangeran tiga, wradin sarta tuwuk sadaya. Amral tuwin panêmbahan sarta para bupati sabalanipun nuntên bidhal, sumêja dhatêng kadhaton. Bala Madura tuwin Surabaya lajêng sami anjêjarah ambêboyong sajawining kadhaton têlas. Kathah solahipun ênggènipun sami suka-suka bala kang mênang prang, Amral sadhatêngipun ing alun-alun eram aningali maryêm agêng-agêng, dene botên kadamêl mêthuk prang, Amral lajêng minggah ing sitinggil sumêja lumêbêt ing kadhaton, nanging kori brajanala kinunci, Amral sarta para bupati ajrih mêngakakên, [mêngakakê...]

--- 545 ---

[...n,] nuntên sami wangsul dhatêng pagêlaran. Amral wicantên dhatêng panêmbahan. Panêmbahan, sampeyan kantun wontên ing ngriki, sarta para bupati kadhawahana nata balanipun ngapit-apit margi, kula badhe wangsul amêthuk sang nata. Amral nuntên mangkat. Panêmbahan enggal marentahi ing para bupati, balanipun kinèn sami baris ngapit-apit margi.

Kacariyos Susuhunan Pakubuwana sampun bidhal saking ing Mojolêgi, anitih dipôngga, pinêlanan asri, dipôngga wau ênggènipun atur-atur raja ing Siyêm dhatêng Sunan Mangkurat Mas. Sarêng dumugi ing Samawis dipun anggrak dhatêng Ki Dipati Sura Adimênggala, dipôngga dèn aturakên ing Susuhunan Pakubuwana. Lampahipun sang nata sampun dumugi ing Asêm. Kêpêthuk kalihan Amral, Amral matur, yèn pura kêpanggih sêpi, sang nata ingaturan lajêng angadhaton. Sang prabu saklangkung suka lajêng ing lampahipun. Sarawuhipun ing alun-alun bala Kumpêni sarta bala Jawi lajêng sami urmat ngungêlakên sanjata tuwin maryêm ambal-ambalan. Tambur salomprèt sarta gamêlan gumuruh swaranipun. Sang nata lajêng minggah ing sitinggil, kandhêg wontên ing kori gapit. Kuncining kori sampun katatas dhatêng Amral. Sang nata lajêng angadhaton saputragarwanipun. Kala ngadhatonipun Susuhunan Pakubuwana [Pa...]

--- 546 ---

[...kubuwana] gêntos dintên kemawon kalihan jêngkaripun Sunan Mangkurat Mas. Wondene para bupati sabalanipun inggih lajêng sami amangsuli pagriyanipun lami, Susuhunan Pakubuwana wau lastantun ênggènipun jumênêng nata wontên ing Kartasura.

Gêntos kacariyos Pangeran Ngabèi, kala kendhangipun Sunan Mangkurat Mas sagah dhèrèk, angkatipun sarêng, nanging lajêng nyimpang angili dhatêng dhusun ing Wêdhi sagarwaputranipun. Sarêng mirêng pawartos, yèn ingkang rama sampun ngadhaton nagari ing Kartasura, Pangeran Ngabèi wau nuntên sowan ing Kartasura sagarwaputranipun. Kalih-kalihipun saklangkung bingah, sabab botên nyana yèn taksih sami gêsang.

Amangsuli cariyosipun Sinuhun Pakubuwana kala mangkat saking Samawis, putranipun jalêr katilar wontên ing ngriku satunggil sabalanipun sarta ibunipun ingkang garwa sang prabu, putra wau andêling prang, anama Pangeran Prangwadana, sakalangkung têguh sarta digdaya, milanipun tinilar saking panyuwunipun tiyang Wêlandi, ing samangsanipun sang prabu sampun unggul prangipun, angadhaton ing Kartasura, putra wau katimbalana, kala samantên sang pangeran mirêng pawartos, yèn ingkang rama sampun mênang prangipun, sampun ngadhaton ing Kartasura, nanging dilalah sang prabu kasupèn, botên utusan [utu...]

--- 547 ---

[...san] nimbali dhatêng ingkang putra ngantos antawis lami, sang pangeran wau lajêng pradandosan sarta ingkang ibu, sumêja bidhal dhatêng ing Kartasura, Alpèrès tiyang Wêlandi ingkang jagi ing Samawis anggêgendholi, sang pangeran kaaturan sumêne, angêntosana utusanipun ingkang rama, sang pangeran inggih piturut.miturut. Kacariyos ing sabên-sabên pangeran sumêja bidhal, Alpèrès tansah matur anggêgendholi makatên. Pinuju satunggaling dintên sang pangeran sampun pradandosan. Alpèrès tiyang Wêlandi matur anggêgendholi, Pangeran Prangwadana sampun kakên galihipun, dhasar watakipun panasbaranan. Alpèrès wau lajêng pinarjaya, jaja têrus ing gigir lajêng pêjah, sang pangeran nuntên bidhal sabalanipun sarta ingkang ibu, nanging botên karsa kondur dhatêng Kartasura, sabab ajrih dhatêng ingkang rama, nglalu ing galihipun, têmah lajêng marang ing Kêdhu, kèndêl ing dhusun Kabakalan, siti dhusun kagunganipun ingkang rama kala kapugêranipun. Wontên ing ngriku Pangeran Prangwadana angayuti têtiyang siti dhusun. Pangeran sumêja ngraman. Sampun kathah balanipun wêtawis gangsal èwu. Anuntên Tuwan Amral ngaturi uninga ing sang nata, yèn ingkang putra amêjahi Alpèrès Wêlandi, lajêng apacak baris wontên ing Kêdhu, sang prabu sarêng mirêng atur makatên, sangêt lingsêmipun [lingsê...]

--- 548 ---

[...mipun] dhatêng tiyang Wêlandi, têmah duka dhatêng ingkang putra, lajêng parentah dhatêng Ki Dipati Sujanapura, kinèn marang Kêdhu angipuki ingkang putra. Sang nata parentah malih dhatêng panêmbahan sarta Dipati Jangrana, kinèn êmbujêng ing Sunan Mangkurat Mas. Ingkang sami kadhawahan nuntên mangkat.

Wondene lampahipun Dipati Sujanapura sampun dumugi ing Kêdhu, Pangeran Prangwadana sampun kenging dèn bujuk, binêkta dhatêng ing Kartasura, lajêng dipun sedani amargi linawe jangganipun. Ingkang ibu kêdah bela, inggih sampun pêjah linawe. Wondene lampahipun panêmbahan kang sumêja bêbujung Sunan Mangkurat Mas, sampun ngancik ing dhusun Kabangkekan. Sunan kendhang wontên ing Laroh, sarêng sumêrêp yèn dèn bêbujung dhatêng tiyang Maduntên, Sunan Mangkurat Mas enggal mangkat saking Laroh, lumajêng mangetan anjog ing Kaduwang, para bupati tuwin para mantrinipun kathah kang nungkul dhatêng panêmbahan. Kêdhik kang taksih dhèrèk ing Sunan Mangkurat Mas. Panêmbahan Cakraningrat sabalanipun sampun wangsul dhatêng ing Kartasura.

Kala samantên nagari ing Kartasura sampun têntrêm, tiyang alit sami sakeca manahipun. Awit sang prabu ajêg parentahipun sarta asih ing bala, balanipun inggih ajrih asih, Tuwan Amral sampun kalilan mantuk dhatêng Samawis sakumpêninipun, sarta Ki Dipati [Dipa...]

--- 549 ---

[...ti] Sura Adimênggala kinèn anjagèni Kumpêni ing Samawis. Wondene ingkang taksih kantun wontên ing Kartasura Tuwan Kumasaris Kênol kalihan Kumpêni kalih atus, rumêksa ing sang prabu, têtindhihipun kapitan satunggil.

Ing dintên Rêspati sang nata miyos sinewaka, para bupati, mantri, santana, putra sampun pêpak sadaya, sang nata andangu panggenaning mêngsah, Panêmbahan Cakraningrat matur, putra dalêm Sunan Mangkurat Mas lumajêng dhatêng tanah Kaduwang, mantri bupatinipun kathah kang sami nungkul ing panjênêngan dalêm, amung kantun Ki Patih Sumabrata, kalih Mandurarêja, tiga Wiraguna, sakawan Mangunnagara, gangsal Arya Tiron sabalanipun. Amung punika kang taksih atut wingking ing putra dalêm. Sang nata angandika dhatêng Ki Dipati Cakrajaya, Cakrajaya, sakèhe bupati mantri têtêlukan padha lungsurana kalungguhane, amung Ki Tumênggung Mangkuyuda, karo Natayuda, têlu Si Sindurêja, papat Si paman Natakusuma isiha padha dadi bupati, dene adhi mas Arya Mataram lan adhi mas Arya Panular mingsiha têtêp kaya dene panjênêngane kakang prabu suwargi, kadene Si Wiracana sun gawe wadana gêdhong sisiha Si Citrasoma, putraningsun Pangeran Dipati Anom sun paringi lêlungguh bumi limang èwu karya, Ki Dipati Purbaya lan Ki Dipati Balitar nêlung èwu, [è...]

--- 550 ---

[...wu,] Pangeran Ngabèi rong èwu, Ki Dipanagara sarta Ki Upasônta sun paringi lêlungguh nyèwu karya. Ki Patih Cakrajaya matur sandika, sang nata kondur angadhaton.

Kawuwusa Sunan Mangkurat Mas sampun utusan mundhut bantu dhatêng Surapati ing Pasuruan. Surapati inggih enggal ambantoni wêtawis tiyang kalih èwu, ingkang dados têtindhih pêpatihipun kêkalih, anama Ngabèi Lor lan Ngabèi Kidul. Sampun kêpanggih kalihan Sunan Kendhang wontên ing Kaduwang, patih ing Pasuruan lajêng nyuwun pamit sumêja bêdhah ing Kartasura, Sunan Kendhang inggih anglilani, patih ing Pasuruan sabalanipun lajêng mangilèn. Samargi-margi tansah ngrêrayah, kèndêl masanggrahan ing dhusun Ngêluyu, ajêng-ajêngan kalihan bala Madura ing Kartasura. Wondene Sunan Kendhang wau lajêng dhatêng ing Pranaraga, samargi-margi tansah sih-sinihan kalihan para sêliripun, kathahipun kawan dasa wolu, èstri sanèsipun inggih kathah kang sami binêkta kendhang. Sarawuhipun ing Pranaragi amasanggrahan ing dalêmipun Radèn Martawôngsa bupati ing Pranaragi, wontên ing ngriku anggung cangkrama ing wana lan ing toya lan para garwanipun, botên wontên môntra-môntra yèn kendhang, lajêng amundhut garogolan kidang mênjangan. Radèn Martawôngsa inggih sampun [sampu...]

--- 551 ---

[...n] anyawisi, Sunan Kendhang lajêng têdhak dhatêng grogolan kalihan para garwanipun. Nuntên munggah ing pêpanggungan. Sunan Kendhang sangêt suka ing galihipun aningali sangsam kathah, enggal mênthang langkap, jêmparing lumêpas, sangsam satunggil kacundhuk ing jêmparing, ambrakambruk. kapisanan. Radèn Martawôngsa enggal lumêbêt ing grogolan sarta bêkta rencang sawêtawis. Sêdyanipun Radèn Martawôngsa sangsam wau kapêndhêt badhe kinèn nyêmbêlèh ing kaum. Sunan Kendhang sarêng aningali saklangkung dukanipun, kagalih angrêsahi ênggènipun kalangênan. Lajêng parentah dhatêng balanipun babêgtan saking Kartasura kinèn nyêpêng ing Radèn Martawôngsa, inggih sampun cinêpêng, binêkta dhatêng ngajêngan, lajêng dipun kabiri, Radèn Martawôngsa aniba tan emut, nuntên tinilar kondur masanggrahan. Radèn Martawôngsa lajêng rinômpa tinangisan dhatêng para santananipun sarta sami wêlas, dene sapele dosanipun. Sawênèh wicantên. Sanak-sanakku kabèh, ayo padha angamuk marang Sunan Kendhang mêngko bêngi, sabab iku ratu dajalanat. Suprandene ing Kartasura wis ana kang jumênêng nata, sabar lila ing donya, asih ing bala. Para santananipun Radèn Martawôngsa sampun sami gilig ing rêmbag, tuwin sakathahe bala ing Pranaragi inggih sampun sami kêklêmpakan wontên ing wana, angrakit

--- 552 ---

gêgamaning prang. Anuntên Ki Patih Sumabrata sumêrêp ing prakawis wau, enggal matur ing gustinipun. Sunan Kendhang saklangkung gugup galihipun, lajêng bidhal saking Pranaragi wanci dalu, lampahipun kasêsa pating bacècèr, sumêja ngili dhatêng Madiun, têtiyang Pranaragi nuntên sami nututi, kang kacandhak pinêjahan lajêng prang wontên ing wana Gagêlang, bala Kasunanan kathah kang pêjah, nuntên sami lumajêng dhatêng ing Madiun.

Wondene Ngabèi Lor lan Ngabèi Kidul kang sami baris ing Luyu wau, inggih sampun campuh prang kalihan bala ing Kartasura, bala Pasuruan kathah kang pêjah, sabab kathahên mêngsah. Ngabèi Lor lan Ngabèi Kidul nuntên lumajêng sabalanipun, anjog ing Jagaraga, lajêng dhatêng Madiun. Bala ing Kartasura ambujêng ngantos dumugi Madiun. Ngabèi Lor lan Ngabèi Kidul sampun kumpul kalihan Sunan Kendhang, nuntên sami lumajêng dhatêng nagari Daha, dene bala ing Pranaraga inggih sampun kumpul kalihan bala ing Kartasura, sami pacak baris wontên ing Madiun.

Kacariyos sang prabu ing Kartasura tampi sêrat saking gurnadur jendral ing Batawi, suraosing sêrat, sang nata dipun aturi andhawahna parentah, ambêbujung sapurugipun Sunan Kendhang, sarta ambêdhaha nagari Pasuruan, anumpês Surapati lan saanakputunipun. [saana...]

--- 553 ---

[...kputunipun.] Tuwan jendral inggih anyawisi bala Kumpêni wolung atus. Ingkang badhe dados têtindhih Komasaris Kênol. Sang nata kapanujon ing galih, lajêng parentah dhatêng Panêmbahan Cakraningrat. Adhi mas, sira ngluruga marang Pasuruan, sarta Si Jangrana, bupati pasisir kiwa têngên sira gawaa kabèh, anjujuga ing Surabaya, banjur kumpula lan si komisaris sarta bala Kumpêni ana ing kono. Sang nata ngandika malih dhatêng Pangeran Dipati Purbaya, kulup Purbaya, sira milua nglurug, bala ing Kartasura sira gawaa saparo, mêtua ing Pranaraga, saanane wong môncanagara gawanên kabèh, kang mingsih bôngga ngidhêp ing Sunan Kendhang gitikên ing prang. Ingkang sami dhinawuhan matur sandika, panêmbahan sampun prajangjean kalihan Pangeran Purbaya, benjing patêmpuhing prang botên tulung-tinulungan, anuntên sami mundur saking ngarsanipun sang prabu apradandosan.

Sarêng sampun samêkta lajêng sami bidhal saking ing Kartasura, Pangeran Dipati Purbaya ngidul ngetan mêdal Kaduwang anjog Pranaragi, panêmbahan sarta Dipati Jangrana mêdal ing Samawis, lajêng nurut pasisir, anjog ing Surabaya, wontên ing ngriku sampun kumpul kalihan Komasaris Kênol tuwin bala Kumpêni wolung atus, lajêng sami bidhal nêja dhatêng Pasuruan. Kathahing

--- 554 ---

bala tanpa wilangan. Kala samantên sinêngkalan 1630.

Kawuwusa Ki Tumênggung Wiranagara ing Pasuruan sampun mirêng pawartos yèn dipun lurugi bala Jawi sarta Kumpêni, kathahipun tanpa wilangan. Ki tumênggung saklangkung suka manahipun, lajêng bidhal lan sabalanipun wêtawis salêksa, sumêja mêthukakên mêngsah dhatêng Bangil. Sadhatêngipun ing ngriku anata barisipun sarta sami angatos- atos. Panêmbahan sarta bala Kumpêni inggih sampun dhatêng ing Bangil, ajêng-ajêngan kalihan bala ing Pasuruan. Komasaris sarêng aningali Surapati mêthuk prang, sangêt suka manahipun, enggal anata Kumpêninipun dados dhadha, panêmbahan sarta Ki Jangrana dados panjawat kiwa têngên. Lajêng têmpuh prang rame, bala Kumpêni tuwin bala Madura sarta pasisir kathah kang pêjah, bala Pasuruan inggih kathah kang pêjah, bangke ambêlasah wontên kang tumpang-tinumpang, saklangkung rame prangipun. Bala Madura atusan kang pêjah, bala Kumpêni wolung atus wau kathah kang pêjah lan ingkang taksih gêsang, amung bala Surabaya sakêdhik ingkang pêjah, tuwan komasaris sarêng aningali prangipun Dipati Surabaya, lajêng angyêktosi ing batos, kakintên ênggènipun prang gêgorohan kemawon. Anuntên kasaput ing dalu, ingkang [ing...]

--- 555 ---

[...kang] prang sapih sami mundur, bala Kumpêni sarta tiyang Madura ngênês manahipun. Surapati lan sabalanipun inggih sami giris manahipun. Sabab balanipun salêksa wau wêtawisipun ingkang taksih gêsang amung kawan èwu, Surapati mundur alon-alonan anitih kuda wasta pun Pakèling, ginarêbyêg ing bala, tiyang Kumpêni amariyêmi saking katêbihan. Kala samantên Surapati katiban mimis kancana walikatipun kiwa, agênging mimis sajêruk lêgi, Sang Dipati Wiranagara jumbul, botên pasah, nanging karaos sakit. Dipati Wiranagara sangêt nêpsu, angingêr kuda sumêja ngamuk malih, balanipun sami anggêgendholi, sabab sampun wanci dalu, benjing-enjing siyang kemawon ingaturan magut prang malih, singsang. dipati inggih miturut nuntên mundur dhatêng kithanipun. Wondene tuwan komasaris sakumpêninipun lajêng mantuk dhatêng ing Samawis. Panêmbahan sarta para bupati sabalanipun mantuk dhatêng Kartasura, panêmbahan wau sampun anglampahakên utusan sarta mawi sêrat dhatêng Pangeran Dipati Purbaya amratelakakên yèn kawon prangipun, tiyang Kumpêni tuwin tiyang Madura kathah kang pêjah, Pangeran Purbaya ingaturan kondur dhatêng Kartasura, sampun ngantos lajêng dhatêng Pasuruan. Utusan enggal mangkat.

--- 556 ---

Kacariyos Pangeran Purbaya abaris ing dhusun Gêlathik talatah ing Kadhiri, ajêng-ajêngan kalihan balanipun Sunan Kendhang, têtidhihipun anama Tumênggung Katawêngan ing Kadhiri, Pangeran Purbaya wau tampi dhawuhipun sang prabu ing Kartasura, kinèn bujuki Tumênggung Sumabrata, Pangeran Purbaya inggih sampun anglampahakên utusan sarta mawi sêrat dhatêng Ki Sumabrata kang sawêg dhèrèk Sunan Kendhang wontên ing kitha Kadhiri, utusan inggih sampun kêpanggih sarta nyukakakên sêrat. Ki Sumabrata enggal amaos sêrat, suraosipun, Ki Sumabrata, jêngandika tinimbalan rama prabu dhatêng Kartasura, kangjêng rama karsa amalês kasaenan dika, sabab kalanipun kangjêng rama binêthekan rumiyin amargi saking atur dika dhatêng Sunan Mangkurat. Wontên pabêthekan ngriku kangjêng rama sangêt ênggènipun nyênyuwun ing Gusti Allah, supados jumênênga nata, ing mangke sampun kalampahan jumênêng nata, mila kangjêng rama wau sumêja malês ing sih andika, akathah-kathah pangipuk kang mungêl ing sêrat wau. Ki Sumabrata sasampuning maos sêrat sangêt bingah ing manahipun. Nuntên akèn pradandosan dhatêng anak bojonipun. Sarêng wanci dalu Ki Sumabrata lolos saking ing kitha Kadhiri, anilar gustinipun, sampun kêpanggih kalihan Pangeran Dipati Purbaya, nuntên kinèn lajêng dhatêng [dha...]

--- 557 ---

[...têng] ing Kartasura sarta binêktanan mantri ingkang rumêksa ing margi, sadhatêngipun ing Kartasura anjujug ing Ki Patih Cakrajaya, lajêng dèn irid sowan ing sang prabu, Ki Sumabrata wau sampun katêtêpakên dados bupati ing nagari Kartasura.

Wondene Pangeran Dipati Purbaya inggih lajêng campuh prang kalihan Tumênggung Katawêngan. Balanipun Ki Tumênggung Katawêngan kathah kang pêjah, nuntên lumajêng dhatêng kitha Kadhiri, Sunan Kendhang sangêt giris manahipun, enggal lumajêng ngidul ngetan. Pangeran Purbaya sumêja anglud palajêngipun Sunan Kendhang, nuntên kêpêthuk utusanipun Panêmbahan Cakraningrat, amratelakakên yèn gènipun prang kalihan Surapati kawon. Pangeran Purbaya ingaturan kondur dhatêng Kartasura. Pangeran Purbaya sarêng sampun tampi pratela makatên, inggih nuntên bidhal kondur dhatêng ing Kartasura sabalanipun.

Gêntos kacariyos Ki Tumênggung Wiranagara ing Pasuruan. Saunduripun saking prang walikatipun kadhawahan mimis maryêm, andadosakên sakitipun sangêt, botên sagêd ebah, sang dipati nuntên mamêling dhatêng para putra tuwin para santananipun. Anak-anakku kabèh utawa sanak-sanakku, besuk yèn aku tinêkakake ing jangji, jisimku pêndhêmên ratanên bae, aja kodokoki maejan utawi kêkijang,kêkijing. kang

--- 558 ---

supaya wong Walônda aja kongsi sumurup marang ing kuburku, karo dene wêkasku, ing saturun-turunku besuk aja ana kang têpung bêcik lan wong Walônda, ing samangsane ana kang têpung bêcik lan wong Walônda kênaa ing supataku aja nêmu slamêt. Ki Tumênggung Wiranagara wau ênggènipun sakit antawis pitung dintên, lajêng pêjah, layon sampun binêrsihan, nuntên pinêtak kados wêwêlingipun wau, sanginggiling pakuburan mawi dinekekan têtanêman, supados sampun ngantos katawis yèn pakuburan. Ing sapêjahipun Ki Tumênggung Wiranagara atilar putra jalêr têtiga, sampun sami diwasa, pambajêngipun nama Mas Surahim, sampun anggêntosi ingkang rama, anama Dipati Wiranagara, adhinipun sampun anama Radèn Surapati, wuragilipun anama Radèn Suradilaga, nanging ki dipati wau rêsah pambêkanipun, asring anjamah para bibinipun. Mila botên digdaya kados kang rama.

Sarêng sampun antawis kalih taun saking pêjahipun Surapati, sang prabu ing Kartasura parentah dhatêng Panêmbahan Cakraningrat, kalih Dipati Jangrana, tiga Pangeran Purbaya, kinèn sami nglurug dhatêng Pasuruan malih, wondene tuwan komasaris sakumpêninipun inggih sampun dhatêng wontên ing Kartasura, ingkang pancèn angrêmbat obat mimis sapanunggilanipun tiyang Kêdhu tuwin [tuwi...]

- -- 559 ---

[...n] Pagêlèn. Ingkang anyunggi uwos têdhanipun tiyang Kumpêni Dipati Japara, tiyang ing Madura tuwin Surabaya anjagèni waos kêncêng, têgêsipun, anglampahi pêrang. Sadaya wau mangkatipun sarêng, lampahipun dados satunggil, saklangkung agêng barisipun, anjujug ing Wirasaba, sumêja anggêbag barisipun Sunan Kendhang wontên ing Kadhiri. Wondene Sunan Kendhang sarêng mirêng wartos yèn dipun lurugi, enggal lumajêng angungsi dhatêng ing rêdi dhungkul. Pangeran Purbaya sarta bala Kumpêni lajêng bidhal dhatêng Kadhiri, ing Kadhiri sampun sêpên. Anuntên lampahipun dumugi ing rêdi Carat. Amasanggrahan alami wontên ing ngriku, Ki Dipati Sujanapura ing Japara sakit sangêt, nuntên kaantukakên. Sarêng dumugi ing Japara lajêng pêjah.

Kacariyos putra ing Pasuruan, kang nama Radèn Surapati kalih Radèn Suradilaga sami dhatêng ing Dhungkul, ambêkta bala sèwu, anyuwun idinipun Sunan Kendhang, sumêja mêthukakên mêngsah, Sunan Kendhang inggih angidèni sarta amaringi têtindhihing pêrang, putranipun jalêr kêkalih, anama Pangeran Pakunagara kalih Pangeran Pakuningrat. Sawontênipun bala babêktan saking Kartasura binêktakakên sadaya, nuntên sami bidhal, mêdal ing rêdi Antang lajêng mangalèr. Wondene Pangeran Purbaya sabalanipun tuwin bala Kumpêni

--- 560 ---

inggih sampun bidhal saking rêdi Carat, lampahipun alon-alonan. Anuntên bala ing Pasuruan wau dhatêng anêrajang saking wingking, balanipun Pangeran Purbaya anadhahi sarwi lumampah, bala Pasuruan kathah kang pêjah, Radèn Surapati lan Suradilaga rumaos botên kaconggah, lajêng mundur lan sabalanipun, mantuk dhatêng Pasuruan. Sunan Kendhang sampun kêpanggih wontên ing ngriku, kumpul kalihan Ki Dipati Wiranagara. Pangeran Purbaya sarta bala Kumpêni lajêng anurut salasahipun bala Pasuruan wau, bala Pasuruan botên wontên sumêrêp yèn dipun kodhol. Lampahipun Pangeran Purbaya sampun dumugi ing Pasuruan. Sang Dipati Wiranagara sakalangkung kagèt, gugup sami pradandosan lan sabalanipun, nuntên bidhal. Lajêng campuh prang wontên sajawining kitha, bala Kumpêni angarutug ing sanjata tuwin maryêm. Bala Madura sarta Surabaya anangkêbi saking kiwa têngên. Bala Pasuruan kathah kang pêjah, sabab kaclakuthak prangipun sarta karoban mêngsah, sang dipati sasêdhèrèkipun sampun sami lumajêng dhatêng Malang, Sunan Kendhang inggih botên pisah, kala bêdhahipun Pasuruan taun 1631.

Pangeran Purbaya sarta tuwan komasaris Kumpêninipun sampun malêbêt kitha Pasuruan, amasanggrahan [amasanggra...]

--- 561 ---

[...han] lami wontên ing ngriku, tiyang ing ngriku sampun kathah kang sami mantuk sarta têntrêm manahipun. Tuwan komasaris nuntên akèn ngupadosi pakuburanipun Surapati Untung, sakathahe pakuburan sami binalengkrah, nanging botên pinanggih, anuntên tuwan komasaris andhawahakên undhang-undhang dhatêng têtiyang ing ngriku, sintên kang manggihakên pakuburanipun Ki Untung ginanjar reyal sèwu, botên lami lajêng wontên tiyang ingkang andêdahakên pakuburan wau, mila botên katawis, sabab rinadin kemawon, ing nginggil dinekekan têtanêman. Tiyang ingkang andêdahakên wau sampun pinaringan ganjaran reyal sèwu sarta sangêt bingahipun. Pakuburan enggal dhinudhuk. Jisim sampun kêpanggih taksih wêtah, kacariyos pêjahipun Surapati wau sampun antawis kalih taun. Nanging jisimipun taksih wêtah, gandanipun wangi angambar, tuwan komasaris saklangkung suka manahipun. Jisim lajêng binusanan, linênggahakên ing kursi, ingkang aningali sami eram. Tuwan komasaris kalihan para pangagêngipun Kumpêni lajêng sami têtabean kalihan jisim, sami wicantên yèn Ki Untung prajurit sayêktos, dados satruning Kumpêni, tuwan komasaris lajêng parentah angurmati jisim. Kumpêni enggal sami ngungêlakên maryêm ambal-ambalan. Jisim lajêng binêsmi, nanging botên mêmpan, [mêmpa...]

--- 562 ---

[...n,] awali-wali pabêsmènipun wau, inggih botên pasah, tuwan komasaris saklangkung bramantya, enggal mêndhêt arak kathah, jisim siniram ing awis sarta binêsmi, sampun kobong gêsêng dados awu, sakathahe tiyang Kumpêni lajêng sami mêndhêt awunipun Ki Untung sakêdhik-sakêdhik. Tuwan Komasaris parentah adamêl loji ing Gêmbong, inggih sampun dados, saklangkung santosa, sampun dinekekan maryêm sarta jinagèn Wêlandi, tuwan komasaris sarta Kumpêni sapalih nuntên bidhal mantuk dhatêng Samawis mêdal ing laut. Wondene Pangeran Purbaya inggih bidhal kondur dhatêng Kartasura mêdal dharat, kadhèrèkakên Kumpêni sapalihipun wau, para bupati sabalanipun inggih pinalih, ingkang saduman taksih kinèn bêbarisan ing ngriku, ingkang saduman dhèrèk konduripun Pangeran Purbaya, Panêmbahan Cakraningrat nyimpang, sumêja mantuk dhatêng ing Sampang, wontên ing margi nandhang gêrah sangêt. Sarêng lampahipun dumugi ing Kamal, padhusunan ing Madura, panêmbahan lajêng seda, layon sampun binêrsihan wontên ing ngriku, linajêngakên pinêtak ing Sampang, putra wayahipun panêmbahan wau lajêng sami bidhal, anusul lampahipun Pangeran Purbaya, tumut sowan ing sang prabu, lampahipun Pangeran Purbaya wau inggih sampun dumugi ing Kartasura.

--- 563 ---

Sang nata lajêng parentah dhatêng ingkang putra kang nama Pangeran Dipati Balitar, kinèn gêntos anglurug sarta binêktanan bala ing Kartasura sapalih, Pangeran Balitar nuntên bidhal dhatêng Pasuruan, sampun kumpul kalihan para bupati kang sami bêbarisan wontên ing ngriku, Pangeran Balitar sarta bupati sabalanipun nuntên bidhal saking Pasêdhahan, sumêja ambêdhah ing Malang, saklangkung agêng gêgamanipun. Wondene kang wontên ing Malang wau Sunan Kendhang kalihan Dipati Wiranagara, tiga Surapati, sakawan Suradilaga, sampun sami sumêrêp yèn dipun lurugi, lajêng sami mapan sajawining kitha lan sabalanipun. Botên dangu bala ing Kablitaran dhatêng, lajêng campuh prang, saklangkung rame, mêngsah dèrèng kathah kang pêjah, bala ing Kartasura sami riwut pangamukipun. Ngabèi Lor kalihan Ngabèi Kidul, tiga Ki Bun Jaladriya sampun sami pêjah, dening Ngabèi Wirasantika mantri ing Kartasura utawi para andêl-andêlipun Surapati inggih sampun sami pêjah sadaya, Ki Dipati Wiranagara lan sadhèrèkipun sampun sami lumajêng dhatêng satêngahing wana, Sunan Kendhang lumajêng dhatêng ing rêdi Dhungkul. Pangeran Balitar sabalanipun kathah ênggènipun angsal jarahan utawi bêboyongan, lajêng masanggrahan wontên ing ngriku.

Wondene palajêngipun Sunan Kendhang sarêng dumugi

--- 564 ---

ing Dhungkul, lajêng kenging ing pagêring, balanipun kathah kang pêjah, lajêng ngalih dhatêng ing Balitar, wontên ing Balitar Sunan Kendhang nuntên utusan dhatêng Surapringga, sumêja nungkul dhatêng tiyang Kumpêni, sarta mawi sêrat. Utusan inggih enggal lumampah, saungkuring utusan Sunan Kendhang tampi utusan saking Pangeran Balitar anyuwun wasiyat karaton, kang warni bêndhe Bicak, dhuwung Kyai Balabar, waos Kyai Baru, rasukan Kyai Gundhil. Wangsulanipun Sunan Kendhang sumaos benjing yèn sampun wontên ing Surabaya, wasiyat karaton badhe kasukakakên dhatêng Pangeran Balitar. Wondene utusanipun Sunan Kendhang kang dhatêng ing Surabaya inggih sampun kêpanggih kalihan kumêndur sarta ngaturakên sêrat. Kumêndur sampuning maos sêrat sangêt suka manahipun, lajêng wicantên. Kongkonan, kowe matura marang gustimu, yèn parêng takaturi marang Surabaya, besuk yèn wus rawuh ana ing kene sakarsane mêsthi takjurungi, sanajan karsaa jumênêng nata ana ing Kartasura manèh, aku iya nyaguhi. Utusan enggal pamit wangsul, sampun kêpanggih sarta matur ing gustinipun. Sunan Kendhang saklangkung suka, anuntên mangkat sagarwaputranipun, sarta abdi sawontênipun inggih kabêkta sadaya, lampahipun sampun dumugi ing Surabaya, kumêndur

--- 565 ---

enggal mêthuk. Sunan Kendhang sampun binêkta dhatêng padalêmanipun Dipati Surabaya sarta sangêt kinurmatan dhatêng Kumpêni tuwin dhatêng sang dipati, Sunan Kendhang saputra garwa tuwin abdi saklangkung suka manahipun. Tuwan kumêndur alon matur sarwi angrêrêpa, sinuhun, bilih amarêngi galih dalêm, mugi lajênga têdhak dhatêng Samawis, apanggiha kalihan tuwan komasaris. Benjing yèn sampun wontên ing Samawis, amêsthi panjênêngan dhatêng jinunjung nata malih amêngku ing tanah Jawi, angadhaton ing Kartasura. Sunan Kendhang sarêng mirêng aturipun tuwan komasaris, saklangkung suka galihipun. Botên sumêrêp yèn badhe kenging apus saking gunanipun tiyang Kumpêni. Anuntên wontên utusanipun Pangeran Balitar malih anyuwun wasiyat karaton. Sunan Kendhang sumaur cugal.sugal. Tutura marang Sudama, besuk yèn aku wis ngadhaton ing Kartasura takwèhake dhewe. Utusan inggih sampun mantuk.

Anuntên wontên utusanipun sang prabu ing Kartasura dhatêng kumêndur, amundhut Ki Wiraguna, kalih Ki Mandurarêja, tiga Arya Tiron, sakawan Ki Pulangjiwa, gangsal Ki Mangunnagara, tuwan kumêndur inggih botên lênggana, lajêng kapasrahakên dhatêng Pangeran Balitar kang sawêg wontên ing Malang, nanging Ki Pulangjiwa wontên ing margi minggat, kacandhak lajêng pinêjahan.

--- 566 ---

Kacariyos Sunan Kendhang sampun kaangkatakên saking Surabaya, mêdal ing laut, linajêngakên dhatêng ing Batawi lan sagarwaputranipun kala ing taun 1632. Wondene Pangeran Balitar sarêng sampun anampèni tiyang gangsal saking Surabaya, inggih enggal linajêngakên dhatêng Kartasura sarta binêktanan sêrat, suraosipun angaturi uninga, yèn nagri bang wetang sampun suyud sadaya, para anakipun Surapati sampun sami lumajêng dhatêng ing wana, lan angaturi uninga, yèn sakathahing wasiyat sami binêkta Sunan Kendhang dhatêng sabrang, dipun suwun dhatêng Pangeran Balitar botên suka. Utusan wau inggih enggal mangkat sarta andhèrèkakên jarahan tuwin bêboyongan. Sadhatêngipun ing Kartasura anjujug Ki Patih Cakrajaya, lajêng kaaturakên ing sang prabu, sang nata sasampuning maos sêrat, saklangkung suka sarta sangêt ngungun. Nuntên ngandika dhatêng Ki Patih Cakrajaya, Cakrajaya, bangêt pangungun ingsun, sabab pusaka karaton digawa anak prabu kabèh, nanging wruhanira, sanadyan sakèhing pusaka ginawa kabèh, sok mingsiha masjid ing Dêmak karo astana ing Adilangu, amung loro iku ugêre pusaka ing tanah Jawa, karodene sira nuli kongkonan marang ing Malang, putraningsun Ki Balitar timbalana mulih lan sabalane kabèh. [ka...]

--- 567 ---

[...bèh.] Patih Cakrajaya matur sandika, lajêng anglampahakên utusan dhatêng Malang, Pangeran Balitar inggih enggal bidhal sabalanipun. Sadhatêngipun nagari ing Kartasura lajêng sowan ingkang rama sang prabu, sang nata saklangkung bingah ing galih, kêpanggih kalihan ingkang putra wuragil kêkalih unggul ing prangipun.

Anuju ing dintên Sênèn sang nata miyos sinewaka, anjunjung lênggah Ki Wirasantika kaganjar nagari ing Jipang, kaparingan nama Tumênggung Surawijaya, sarta kadamêl Wadananipun bupati môncanagari sadaya, Ki Citrasoma kadadosakên Dipati ing Japara, Ki Jayaningrat kadadosakên Dipati ing Pakalongan. Ki Pusparudita ing Batang, Ki Wirasêmita kaangkat dados Tumênggung ing Wirasaba, wondene nagari Maduntên kapra tiga, ingkang saduman kaparingakên putranipun pambajêng Panêmbahan Cakraningrat, kang nama Sasranagara, kaêlih nama PangeganPangeran. Cakraningrat. Dene ingkang kalih duman kaparingakên dhatêng wayahipun jalêr panêmbahan, anama Suryawinata kalih Sasrawinata, wondene tiyang gangsal kang saking Surabaya wau sami kalorodan kalênggahan sarta namanipun bupati, sang prabu lajêng kondur saking sinewaka.

Kacariyos kapitan Wêlandi ingkang jagi ing Kartasura sowan dhatêng ing kadhaton kalihan Ki Patih Cakrajaya, angaturakên sêrat saking jendral ing Batawi, sampun [sampu...]

--- 568 ---

[...n] tinampèn ing sang prabu lajêng winaos. Suraosipun, tuwan jendral anyuwun pêjahipun Ki Dipati Jangrana ing Surabaya, sabab kawastanan sakuthu kalihan Surapati kang sampun pêjah, pratandhanipun kala pêrang ing Pasuruan, tiyang Kumpêni sarta tiyang Madura kathah kang pêjah, amung balanipun Ki Dipati Jangrana botên wontên kang pêjah, bilih sang prabu botên anuruti panuwunipun jendral wau, tiyang Kumpêni sumêja amutungi gènipun pawong sanak kalihan sang prabu. Sang nata sarêng sampun maos sêrat, sangêt susah ing galihipun. Sabab bupati andêl-andêling prang kasuwun pêjahipun. Kapitan sarta ki patih sampun sami kinèn mantuk. Ing dalunipun sang prabu animbali Ki Patih Cakrajaya, kalih Ki Dipati Cakrasoma, tiga Ki Tumênggung Wiracana, sang nata angandika alon. Cakrajaya, Wiracana, Citrasoma, layang têka jendral iki prakara gêdhe, anjaluk patine Jangrana, iku bangêt susahe galih ingsun. Krana Si Jangrana iku andêl-andêl ingsun, prasasat bahuningsun kiwa, lan ora nana kaluputane marang ingsun. Iku kapriye kang padha dadi rêmbugira. Ki Cakrajaya sarta bupati kêkalih wau sami tumungkul, botên sagêd angaturi rêmbag. Sang nata angandika malih, yèn kaya mêngkono Cakrajaya, sira kirima layang, anjaluka

--- 569 ---

rêmbug marang Si Adipati Sura Adimênggala ing Samarang, lan layange jendral wangsulana, prakara panjaluke iku, iya bakal ingsun turuti, nanging ingsun mundhut sarèh ing sawatara, krana nagara ing Surabaya iku gêdhe, Si Jangrana sugih bala sarta abôndha santana, upama ingsun kasapa amêsthi ya kêna, nanging ora wurung agawe rusake prajaningsun. Wis, wangsulana mêngkono bae layange si jendral. Ki Cakrajaya sarta kancanipun kêkalih nuntên mundur saking ing ngarsa dalêm. Ing enjingipun Ki Patih sampun amangsuli sêratipun jendral, tinampèn dhatêng kapitan. Punapa malih sêrat ingkang dhatêng ing Samawis tuwin kang dhatêng Surabaya inggih sampun sami kalampahakên dhêdhêmitan. Wondene ingkang dhatêng ing Samawis inggih sampun katampèn dhatêng Ki Dipati Sura Adimênggala sarta sampun winangsulan, sampun katur ing sang prabu, suraosipun. Kula pun Adipati Sura Adimênggala kapundhutan rêmbag prakawis tiyang Kumpêni gènipun nyuwun pêjahipun Adipati Jangrana, ingkang punika atur wangsulan kula, saupami pinaringêna, amêsthi dados susahipun galih dalêm. Sabab pun Adipati Jangrana punika dados pikukuhipun nagari dalêm. Upami botên pinaringêna, amêsthi tiyang Kumpêni sami sakit manahipun ing panjênêngan dalêm. Dados kawula nyumanggakakên punapa [pu...]

--- 570 ---

[...napa] ingkang dados kêkêncênganipun galih dalêm piyambak. Sang nata sasampuning maos sêrat kang saking Samawis, sangsaya èmêng galihipun.

Kacariyos sêrat dalêm ingkang dhatêng Surabaya inggih sampun katampèn dhatêng Ki Jangrana, suraosipun. Sang prabu aparing pariksa, yèn piyambakipun kasuwun pêjahipun dhatêng tiyang Kumpêni, sang nata anyarah ingkang dados kêkêncênganipun Ki Jangrana, bilih Ki Jangrana sumêja mragagah, sang nata inggih angidèni. Ki Dipati Jangrana sarêng sampun maos sêrat, sangêt gènipun jêngat.rêngat. Nanging lajêng sarèh manahipun. Enggal animbali mantrinipun kêkasih anama Wiratanta, sangêt limpat ing panggraita, sarta ingkang rayi sang dipati têtiga anama Arya Jayapuspita, kalih Panji Surèngrana, tiga Panji Kartayuda, priyantun sakawan wau lajêng sami pinaringan ningali sêrat saking Kartasura. Ingkang rayi têtiga sarêng sampun maos sêrat, lajêng sami anangis sarwi sami nungkêmi sukunipun sang dipati, matur sarta ngusapi waspa, kakang, sampeyan botên dosa dhatêng sang prabu tuwin dhatêng Kumpêni, suwawi sami mragagah, aluhung pêjaha wontên paprangan. Ki Wiratanta matur, sang dipati, pêjah sampeyan prayogi sampeyan sumanggakakên. Sampeyan sampun ngantos balela ing ratu, anututa kemawon. Mila mêngkatên, ing samangsanipun [samangsa...]

--- 571 ---

[...nipun] sampeyan sumêja balela, amêsthi turun sampeyan sadaya botên badhe andarbèni nagari ing Surabaya, amêsthi badhe kaliya lan badhe adamêl risakipun nagari dalêm, para santana sampeyan sarta têtiyang sa-Surabaya anêmahi tiwas. Saupami sampeyan nutut angamungakên sarira sampeyan piyambak, ing wingking sami wilujêng. Nanging ingkang rayi têtiga wau kêdah nanggulang ing mêngsah tiyang Kumpêni, sabab kamanah sang dipati botên dosa. Sang dipati angandika, adhi-adhiku kabèh, wis, padha mênênga, bobot timbang ana ing aku dhewe, pituture si kakang Wiratanta iki bênêr, ing wêkasan sêlamêt. Sanajan aku nêmahana mati, sok uga anak sadulurku kabèh padha tulusa mukti. Sang dipati tumuntên pamit dhatêng ingkang garwa sarta angarasi ing putranipun jalêr kang taksih rare anama Jaka Tangkêban. Sarwi angusapi waspa, sang dipati lajêng bidhal dhatêng ing Kartasura, para santananipun sami tumut. Sadhatêngipun ing Kartasura anjujug padalêmanipun pondhok ing Surabayan. Sang dipati ngantos kalih wulan ênggènipun wontên ing Kartasura, dèrèng wontên punapa-punapa, ing sabên dintên Sênèn Kêmis sang dipati arêrêsik, lajêng sowan dhatêng pagêlaran, madhêp ing ngarsanipun sang prabu. Anuntên tuwan komasaris dhatêng anêrang prakawis punika, nanging [na...]

--- 572 ---

[...nging] taksih sinanggi krami dhatêng sang prabu, sang nata tansah anantun dhatêng sang dipati mênggah kêkêncênganipun. Atur wangsulanipun sang dipati botên ewah, anyumanggakakên pêjahipun kemawon. Namung adhinipun kang nama Arya Jayapuspita kasuwunakên anggêntosana kalênggahanipun dados bupati ing Surabaya, sang nata inggih sampun amarêngi ingkang dados panyuwunipun.

Kala samantên pinuju ing dintên Kêmis para bupati mantri sampun sami sowan wontên ing pagêlaran. Sang Dipati Jangrana inggih sampun sowan, para santananipun sami tumut. Sang dipati tinimbalan dhatêng kadhaton. Sarêng dumugi kori ing Kamandhungan lajêng pinêthukakên ing lêlurah Martalulutan Singanagara, Sang Dipati Jangrana pinarjaya, jaja têrus ing gigir lajêng pêjah. Arya Jayapuspita kang wontên ing pagêlaran sumêrêp, yèn kakangipun sampun pêjah, lajêng angêjèpi balanipun. Bala ing Surabaya nuntên sami dhatêng, kang wontên ing pondhokan, sagêlar sapapan sami abaris ing panggungan, watawis kalih èwu, para bupati mantri kang sami wontên ing pagêlaran, ebah sami angatos-atos, anarka yèn badhe dados prang. Anuntên Ki Tummênggung Sumabrata mêdal saking kadhaton, angêmban timbalan dalêm dhatêng Ki Arya Jayapuspita, [Jayapuspi...]

--- 573 ---

[...ta,] Ki Jayapuspita, pakênira pinaringan wêruh, yèn kakangira ing biyèn bisa anjumênêngake nata ing sang prabu, samêngko kakangira wis pinatenan ing sang prabu tanpa dosa, aja dadi sake ati pakênira, pakênira ginêntèkake dadi bupati ing Surabaya. Arya Jayapuspita sarêng mirêng sangêt ing krodhanipun. Nanging pinêkan, têmah nangis anggrêro, mukanipun tinutupan usap tangan. Kang ningali sami wêlas. Anuntên matur bêbisik dhatêng Ki Sumabrata, Kyai Sumabrata, timbalan dalêm wau sadaya inggih sampun saklangkung ing panuwun kula, nanging kula anyuwun lila dalêm. Sarèhning kula sumêrêp, yèn pêjahipun pun kakang punika dede saking karsanipun sang prabu, awit panyuwunipun Kumpêni ingkang aniaya, punika kula sarta tiyang Surabaya sadaya badhe sami bela pêjah, bilih sang nata anglilani, ing sadintên punika kula sumêja ngamuk dhatêng tiyang Wêlandi kang wontên ing Kartasura ngriki. Ki Sumabrata enggal wangsul lumêbêt matur ing sang prabu, sang nata sarêng mirêng aturipun Ki Sumabrata saklangkung pugêt galihipun. Lajêng andhawahi kyai pangulu tuwin suranata, kêtib lawan modin, kinèn sami andêdonga, supados liliha krodhanipun Ki Arya Jayapuspita, Ki Sumabrata nuntên mêdal malih, andhawahakên timbalan dalêm dhatêng Ki Arya, Ki Jayapuspita, ing panuwun pakênira mau sang

--- 574 ---

prabu boya anglilani, wikan mêngko, yèn baris pakênira wus mêtu sêka panangkilan. Ki Arya lajêng bidhal sabalanipun saking pasowan ing wanci lingsir kilèn. Lampahipun alon kados amilang tindak. Sarêng dumugi sakiduling masjid agêng lajêng sami nolih, abaris ngajêngakên alun-alun. Anuntên sang prabu utusan malih, Ki Jayapuspita, pakênira andikakakên baris kang adoh sêka ngalun-alun. Yèn barisira wus adoh, bokmanawa sang nata karsa angrojongi marang pakênira. Ki Jayapuspita inggih lajêng ambudhalakên barisipun ing wanci sêrap srêngenge, mangalèr anjog ing pakundhèn. Arêrêp wontên ing ngriku. Ing wanci dalu Ki Tumênggung Sumabrata dhatêng kautus ing sang prabu, amatêdhakakên sêrat kalihan busana sapatadhahan sarta arta kalih èwu ringgit. Sampun sami tinampèn dhatêng ki arya, ungêlipun ingkang sêrat, kulup Jayapuspita, ing samêngko sira sun gêntèkakên marang kakangira, dadi bupati ing Surabaya, sira tumuli muliha marang Surabaya, nagara ing kono sira tataa sarta angayumana sanak sadulurira, supaya têntrêma atine, besuk ing samangsane wong cilik wis padha kapenak atine, ingsun anjurungi ing kaniyatanira, bakal ambelani patine kakangira. Ki Jayapuspita sarêng sampun [sa...]

--- 575 ---

[...mpun] maos sêrat, lajêng sujud ing siti sarwi anangis. Sabab napsunipun kapapas dening agênging sihipun sang prabu, wangsulanipun Ki Arya saklangkung nuwun sarta sandika, nuntên bidhal mantuk dhatêng ing Surabaya sabalanipun. Sadhatêngipun ing Surabaya lajêng atata-tata gêgamaning prang sarta adamêl bingahing balanipun. Tiyang ing padhusunan jalêr èstri sami kapardi ngibadah kalihan ngaos Kur'an. Ing samangsanipun tiyang padhusunan wau sami purun sêmbayang, lajêng kalêpatakên ing paos tuwin takêr turun sapanunggilanipun. Malah asring tampi pêparing, dados kathah têtiyang padhusunan kang sami kapradikakakên. Têtiyang bawah ing Surabaya jalêr èstri sami ajrih asih dhatêng Sang Dipati Jayapuspita, tuwin tiyang ing nagari sanès inggih kathah ingkang sami agêgriya ing Surabaya, awit sami trêsna dhatêng sang dipati, ambêkipun sabar sarta sagêd angecani manahing bala, dana bojanipun lumintu, sinêngkalan 1633.

Kacariyos sang prabu amêrnata kalênggahanipun para bupati mantri, kawangsulakên kados kala alam Matawis. Anuntên Pangeran Natakusuma bupati ing Kartasura pêjah, sampun kagêntosan ing anakipun jalêr, kaparingan nama Pangeran Arya Pringgalaya. Taksih tunggil taun ing dhusun Ngenta-enta wontên tiyang kraman anama Ki Mandana, mantunipun Ki Gêdhe ing Pacukilan. [Pacukila...]

--- 576 ---

[...n.] Sampun kathah balanipun sarta sampun adamêl mantri bupati, anuntên dipun lurugi dhatêng Ki Jayawinata bupati ing Matawis. Ki Jayawinata kawon pêrangipun, enggal lumajêng dhatêng ing Kartasura, ngaturi uninga ing sang prabu. Sang nata inggih enggal aparentah dhatêng Pangeran Pringgalaya, kinèn anglurugi kraman Ki Mas Dana, kacêpênga gêsang, sabab sang nata kagungan punagi, ing samangsanipun Ki Mas Dana wau kacêpêng gêsang, badhe kadamêl tontonan, karampog ing êdom dhatêng têtiyang sanagari Kartasura. Pangeran Pringgalaya nuntên bidhal sarta kinanthenan bupati ing Kartasura sapalih lan sabalanipun. Sadhatêngipun ing Ngenta-enta lajêng campuh prang, tiyang kraman kathah kang pêjah, Ki Mas Dana lumajêng angungsi ing rêdi Barabudhur, Pangeran Pringgalaya sabalanipun angêlud. Rêdi nuntên kinêpang, Ki Mas Dana sampun kacêpêng, lajêng binêkta mantuk dhatêng Kartasura, kaaturakên ing sang prabu, sang nata nuntên angundhangi ing têtiyang sanagari, sami kadhawahan dhatêng ing alun-alun sarta sami ambêktaa êdom. Ki Mas Dana lajêng kaugêr wontên sangandhaping waringin kurung, nuntên karampog ing êdom. Ngantos tigang dintên waradinipun têyangtiyang. sanagari ênggènipun angrampog. Nuntên kakêthok gulunipun, sirah kapanjêr. Sasampuning pêjah Ki Mas Dana, marasêpuhipun kang nama Ki Gêdhe Pacukilan katur ing

--- 577 ---

sang prabu yèn sumêja balela, sang nata inggih enggal parentah anglurugi, Ki Gêdhe sampun cinêpêng lajêng pinêjahan.

Anuntên Ki Tumênggung Kartanagara ênggènipun dados Patih lêbêt kamantunan. Padamêlaning patih kadadosakên satunggil, wontên Ki Patih Cakrajaya, angingêrakên ing tiyang satanah Jawi. Botên antawis lami sang nata parentah dhatêng Ki Tumênggung Wiracana, andikakakên bangun masigidmasjid (dan di tempat lain). Dêmak, nyalini sirapipun. Sang nata ambêktani arta sèwu ringgit dhatêng Ki Wiracana, kinèn damêl waragad. Ki Wiracana inggih enggal mangkat. Masigid sampun kabangun sinalinan sirapipun. Wondene lamine panggarapipun amung tigang wulan. Kala samantên sinêngkalan 1634.

Ki Tumênggung Wiracana sampun mantuk dhatêng ing Kartasura, lajêng sakit andadosakên ing pêjahipun. Kalênggahanipun wadana gêdhong sampun kagêntosan ing sadhèrèkipun. Dene ingkang kadadosakên Wadana kaparak kiwa têngên, Pangeran Dipati Balitar.

Sarêng sampun antawis kawan taun malih, sang nata amêmantu wayah sami wayah, putranipun Pangeran Dipati Anom pambajêng jalêr, anama Den Mas Damar kadhaupakên kalihan putranipun èstri Pangeran Balitar, anama Radèn Ajêng Wulan. Ananging Radèn Mas Damar wau timur mila [mi...]

--- 578 ---

[...la] kapêndhêt putra dhatêng Pangeran Dipati Purbaya, sarta sangêt ing trêsna kalih-kalihipun. Kala dhaupe panganten wau saklangkung agêng bawahanipun. Atut ênggènipun akrama, Radèn Mas Damar lajêng kaangkat nama pangeran riya, kaparingan lêlênggah sabin sèwu karya, kala panggihe pangantèn sinêngkalan 1639.

Anuntên Radèn Tirtakusuma ing Winongan ambalik, sumêja mêngsah ing sang prabu, sampun abêdhahambêdhah. nagari Pasuruan. Bupati ing Pasuruan anama Ki Tumênggung Jadita, sampun lumajêng dhatêng ing Kartasura, sang nata enggal parentah dhatêng Ki Tumênggung Kartanagara sarta para bupati môncanagari, kinèn ambêdhah ing Winongan. Inggih sampun kalampahan. Ênggènipun ambêdhah ing Winongan ngantos tigang wulan. Radèn Tirtakusuma lumajêng dhatêng ing Lumajang, anak rabinipun sami binoyongan, rajabrananipun kajarahan, kitha ing Winongan binêsmenan sadaya, Ki Tumênggung Kartanagara sakancanipun mantuk dhatêng ing Kartasura sarta ambêkta jarahan tuwin bêboyongan. Ki Tumênggung Jadita lajêng tinuwêk wontên ing alun-alun Kartasura, dosanipun tiwas anggènipun rumêksa nagari ing Pasuruan, botên purun amêthukakên prangipun tiyang ing Winongan.

Kacariyos Arya Jayapuspita, kala sampun anggêntosi [ang...]

--- 579 ---

[...gêntosi] kakangipun dados dipati ing Surabaya, ênggènipun sowan dhatêng ing Kartasura amung sapisan, pinuju ing wulan Mulud. Bala ing Surabaya kinêrig binêkta sadaya sarta sagêgamaning prang, wêtawis kathahipun gangsal èwu, utawi adhinipun jalêr kêkalih inggih binêkta, anama Panji Kartayuda kalih Panji Surèngrana, sami ambêkta bala nyèwu. Sang nata kalanipun aningali Ki Arya Jayapuspita sabalanipun samakta sagêgamaning prang, saklangkung suka ing galihipun. Lajêng angundhangi ing tiyang sanagari Kartasura, kinèn anyêlut ukiraning dhuwung ing salaka utawi ing kancana, inggih sampun kalampahan sarta saklangkung prayogi, wiwitan kala samantên wontênipun ukiran kasêlut. Ki Jayapuspita wau gènipun wontên ing Kartasura botên lami, tumuntên mantuk dhatêng Surabaya, botên purun sowan malih, sumêja balela. Sang prabu tumuntên uusanutusan. Ki Tumênggung Sumabrata kalih Ki Ngabèi Wiramênggala animbali Ki Jayapuspita dhatêng ing Surabaya, gènipun wontên ing Surabaya samadya côndra, nanging Ki Jayapuspita tansah sumados kemawon. Ki Sumabrata kalih Ki Wiramênggala sumêrêp yèn sinanggi krami, tumuntên mantuk dhatêng Kartasura matur ing sang prabu, sang nata enggal akintun sêrat dhatêng kumêndur ing Samawis, aparing pariksa yèn Ki Jayapuspita [Jayapuspi...]

--- 580 ---

[...ta] mogok, sumêja balela, utusan kang ambêkta sêrat enggal lumampah, sampun kêpanggih kalihan kumêndur. Tuwan kumêndur sarêng sampun maos sêrat, sangêt gugup ing manahipun, lajêng mangkat dhatêng ing Surabaya mêdal ing laut. Wondene Ki Jayapuspita wau ing sapêngkêripun Ki Sumabrata lajêng parentah dhatêng adhinipun kang nama Panji Surèngrana, kinèn wiwit ambêdhah ing Garêsik. Panji Surèngrana inggih lajêng bidhal sabalanipun tiyang ing Lamongan, mêdal ing Giri, anjog ing Garêsik lajêng prang angrangsang biting, nanging botên kenging karêbat. Panji Surèngrana sabalanipun mundur dhatêng ing Lamongan.

Anuntên tuwan kumêndur dhatêng wontên ing Surabaya, kêpanggih kalihan Sang Dipati Jayapuspita, saklangkung sinuba-suba, kumêndur pitakèn bab Panji Surèngrana ênggènipun anginggahi ing Garêsik. Wangsulanipun Ki Jayapuspita apitambuh sarta sagah badhe andukani dhatêng adhinipun. Kumêndur pitakèn malih sabapipun botên purun sowan dhatêng ing Kartasura, wangsulanipun Ki Jayapuspita, inggih sagah tumuntên sowan. Kumêndur sarêng mirêng wangsulanipun Ki Jayapuspita makatên, sarta sangêt ênggènipun angurmati dhatêng piyambakipun. Saklangkung pakèwêd manahipun. Lajêng parentah ambangun bètèng ing Garêsik. Sarêng sampun dados, kumêndur tumuntên [tumu...]

--- 581 ---

[...ntên] mantuk dhatêng ing Samawis.

Ing sapêngkêripun tuwan kumêndur Panji Surèngrana lajêng utusan minta sraya dhatêng nagari Bali, mêdal ing Samawis. Botên dangu tumuntên dhatêng, kathahipun kawan atus. Têtindhihipun anama Dewa Kaloran. Dhatêngipun lajêng anukup ing Garêsik. Têtiyang ing Garêsik gègèr, sami lumajêng ing sapurug-purug. Sabab botên wontên nyana yèn wontên mêngsah dhatêng ing wanci dalu, rajabrananipun têlas kajarah karayah, sabêdhahipun nagari Garêsik Dewa Kaloran sabalanipun mantuk dhatêng ing Bali sarta jangji benjing badhe wangsul. Panji Surèngrana inggih kathah ênggènipun anyukani rajabrana, kinèn angaturakên rajanipun.

Kacariyos Sang Dipati Jayapuspita, aparentah dhatêng adhinipun kêkalih, sami kinèn wiwit anêlukakên tiyang môncanagari tuwin tiyang ing pasisir, sadhèrèk kêkalih sami bêbah-bêbahan. Panji Kartayuda angirid bala sèwu, lajêng anggêbag nagari Japan. Inggih sampun nungkul. Lajêng dhatêng Wirasaba, bupatinipun sêpên, anglêmpak dhatêng Kadhiri sumêja mapag prang, ing Wirasaba sampun katanêman bupati dhatêng Panji Kartayuda, Panji Kartayuda sabalanipun lajêng dhatêng Kadhiri, wontên ing ngriku pinêthuk prang, tiyang Kadhiri kawon, Bupatinipun lumajêng dhatêng ing Kartasura. Wondene Panji [Pa...]

--- 582 ---

[...nji] Surèngrana inggih angirid bala sèwu, anggêbag ing Sidayu, pinêthuk prang rame, kathah papêjah, ing Sidayu sampun bêdhah, Panji Surèngrana lajêng mingêr anggêbag ing Jipang, inggih sampun bêdhah, Bupatinipun kaplajêng, sabab kadêrojog botên sumêrêp. Panji Surèngrana nuntên wangsul anggêcak ing Tuban, sampun kancikan dhatêng Panji Surèngrana sabalanipun. Bupati ing Tuban lumajêng dhatêng ing Kartasura.

Kacariyos sang prabu ing Kartasura, pinuju miyos sinewaka, para bupati pasisir, môncanagari, ing Kêdhu, Banyumas pêpak sadaya, tuwin para bupati ing nagari Kartasura sarta putra santana inggih sampun pêpak, ing pagêlaran jêjêl botên wontên sêlanipun. Ki Patih Cakrajaya matur, yèn Ki Dipati Jayapuspita saèstu balik, sampun angirup-irup tanah pasisir tuwin môncanagari, kang bôngga ginêbag ing prang, ing Japan, Wirasaba, Kadhiri, Jipang sampun bêdhah, punapa malih ing Sidayu kalihan ing Tuban inggih sampun karisak dening tiyang Surabaya. Sang nata ngandika sêru, Cakrajaya, dikêbat awèha wêruh marang kumêndur ing Samarang, sarta anjaluka bantu bala Kumpêni, lan sira dhewe ngluruga, angirida wong pasisir kabèh, mêtua ing Samarang, lan Ki Tumênggung Kartanagara dhawuhana nglurug marang Surabaya, mêtua ing Jagaraga, anindhihana prange

--- 583 ---

bocah môncanagara. Ki patih matur sandika, sang nata kondur angadhaton. Ki Patih kalihan Ki Tumênggung Kartanagara lajêng pradandosan, sarta sampun anglampahakên sêrat dhatêng ing Samawis. Sarêng sampun samakta, Ki patih nuntên bidhal sabalanipun dhatêng ing Samawis, kèndêl wontên ing ngriku angêntosi bala Kumpêni kang saking Batawi. Wondene Ki Tumênggung Kartanagara inggih sampun bidhal, mêdal ing Jagaraga, angirid bala môncanagari sadaya, amung bupati ing Garobogan kapêthil tumut ing ki patih, Bupati Garobogan kêkalih, anama Suryawinata, Sasrawinata, wayahipun Panêmbahan Cakraningrat suwargi, kala rumiyin sampun kadadosakên bupati ing Madura, nanging botên lami lajêng kaêlih dhatêng garobogan.

Lampahipun Ki Tumênggung Kartanagara sampun ngancik ing dhusun Majaranu, bala môncanagari sampun sami kumpul tuwin Tumênggung Jipang inggih sampun anunggil. Saklangkung agêng gêgamanipun. Lajêng têmpuh prang kalihan Panji Surèngrana kang wontên ing kitha Jipang, balanipun Panji Surèngrana kathah kang pêjah, lajêng mundur sabalanipun dhatêng ing Lamongan. Ing kitha Jipang sampun dipun ênggèni dhatêng Ki Tumênggung Kartanagara.

Kacariyos srayanipun Panji Surèngrana samangke dhatêng malih wontên ing Garêsik, anama Dewa Kaloran. [Ka...]

--- 584 ---

[...loran.] Ambêkta bupati têtiga, anama Dewa Soka, kalih Dewa Sade, tiga Dewa Bagus. Balanipun tiyang Bali pitung atus. Dewa Kaloran sampun kêpanggih kalihan Panji Surèngrana, rêmbagan badhe anginggahi ing Jipang malih. Ing Garêsik ngriku wontên Juragan satunggil, saklangkung sugih, kathah rencangipun tiyang têtumbasan, anama Juragan Bali, dêdêgipun gagah prakosa, watêkipun botên sabaran. Kaduk ing kapurunanipun. Nate pêrang ing sagantên. Ki Juragan wau sampun kadadosakên pamuking prang dhatêng Panji Surèngrana, sarta kathah ing pangêbangipun. Anak bojonipun sami kadekekakên ing Surabaya, kadamêl cêpêngan. Supados Ki Juragan sampun ngantos angoncati salêbêting prang, Panji Surèngrana nuntên bidhal sabalanipun, sumêja anggêbag ing Jipang, sarta ambêkta tiyang Bali satus. Ki Juragan sarencangipun têtumbasan kadamêl pangajênging prang, sadhatêngipun ing Jipang lajêng prang rame kalihan Ki Tumênggung Kartanagara sarta bala môncanagari, papêjahipun kathah, Ki Tumênggung Kartanagara sarta tiyang môncanagari lumajêng, kèndêl ing dhusun Barongkol sakilèning Jipang, amargi dipun amuk dhatêng Ki Juragan sarencangipun. Ing kitha Jipang sampun kancikan dhatêng Panji Surèngrana sabalanipun. Anuntên Panji Surèngrana tampi pratelane [pratela...]

--- 585 ---

[...ne] balanipun, yèn nagari Sidayu, ing Tuban sampun karêbat dening gêgaman pasisir, saking parentahipun Ki Patih Cakrajaya, samangke taksih wontên ing Samawis, sawêg angêntosi bala Kumpêni, Panji Surèngrana sarêng mirêng sangêt nêpsu, nuntên parentah dhatêng Ki Juragan Bali, kinèn anglanggar mêngsahipun kang wontên ing Sidayu sarta Tuban. Ki Juragan enggal mangkat, binêktanan bala kalih èwu, tiyang Bali sèkêt. Lampahipun Ki Juragan sampun dumugi ing Sidayu, lajêng campuh prang kalihan bala pasisir, Ki Juragan saklangkung wantêr mudhun saking kuda, wontên ing ngajêng angamuk sarencangipun. Kathah kang sami pêjah, bala pasisir gila aningali tandang pangamukipun Ki Juragan sarta têtiyang Bali, nuntên sami lumajêng dhatêng ing Tuban, anglêmpakakên bala sarta sami abêbiting, ing Sidayu sampun kancikan ing Ki Juragan Bali. Ki Juragan sabalanipun angêlud dhatêng Tuban, sumêja ngrangsang biting, bala pasisir anadhahi, Ki Tumênggung Tuban gadhah tiyang têtumbasan, kathahipun pitung dasa, lajêng ingabên pêrang anadhahi prangipun Ki Juragan. Bala pasisir angêbyuki saking kiwa têngên. Balanipun Ki Juragan kathah kang pêjah, utawi babêktanipun tiyang Bali sèkêt wau sampun sami pêjah sadaya, sabab kêkathahên mêngsahipun. Ki Juragan sabalanipun nuntên mundur lon-lonan, sarta lajêng

--- 586 ---

kengkenan asuka pariksa dhatêng Panji Surèngrana kang wontên ing Jipang. Panji Surèngrana sarêng tampi pratela, yèn Juragan kawon prangipun. Enggal bidhal saking Jipang sabalanipun, sumêja têtulung Ki Juragan. Ing sapêngkêripun Panji Surèngrana kitha ing Jipang lajêng dipun ênggèni malih dhatêng Ki Tumênggung Kartanagara, sarta angêrigi tiyang môncanagari, Ki Tumênggung Kartanagara barisipun sampun agêng malih. Wondene lampahipun Panji Surèngrana sabalanipun sampun dumugi ing Tuban. Lajêng prang kalihan Tumênggung Tuban sarta bala pasisir, Panji Surèngrana sabalanipun ngamuk liwung, bala ing Tuban kathah kang pêjah, Tumênggung Tuban sabalanipun lumajêng dhatêng Lasêm, anglêmpakakên balanipun kang sami lumajêng, ing Tuban sampun kancikan dhatêng Panji Surèngrana. Anuntên bêbantu saking Ki Patih Cakrajaya dhatêng wontên ing Lasêm, têtindhihipun Ki Dipati Citrasoma ing Japara sabalanipun, sarta ambêkta bupati ing Kudus, Dêmak, Pathi, ing Juwana sabalanipun. Sampun sami ngalêmpak wontên ing Lasêm. Barisipun saklangkung agêng, lajêng bidhal angrêbat ing Tuban. Panji Surèngrana sabalanipun lumajêng dhatêng Paronggahan. Sabab karoban kathah, lawan ing Tuban sampun karêbat dening bala pasisir.

Kacariyos bala Kumpêni kang saking Batawi dhatêng wontên [wo...]

--- 587 ---

[...ntên] ing Samawis, kathahipun tigang brêgada, jinisipun warni-warni, Wêlandi, Ambon, Tarnate, Bugis, Makasar, têtindhihipun anama Amral Brikman. Punapa malih para bupati pasisir kang sakilèning Samawis inggih sampun pêpak wontên ing ngriku sabalanipun. Kala ing wêktu punika ing Samawis saklangkung kathah ing têtiyang, jinisipun warni-warni. Sarêng bala Kumpêni sampun aso ing sawêtawis, ingkang kalih brêgada nuntên kabidhalakên mêdal ing laut, têtindhihipun Kumêndur Gobyo ing Samawis, kalih Kapitan Krasbun. Amral Brikman kantun ing Samawis sarta bala Kumpêni sabrêgada, Ki Patih Cakrajaya tumut mêdal ing laut. Para bupati pasisir, ing Têgal, Pakalongan, ing Kêndhal, Kaliwungu, ing Batang, sabalanipun kinèn mêdal dharat. Saklangkung agêng lampahing gêgaman. Lampahipun Ki Patih kalihan kumêndur mampir dhatêng ing Tuban, angêntosi gêgaman kang mêdal dharat wau sarta anglêmpakakên balanipun para bupati pasisir kang sampun wontên ing ngriku. Ki Patih lajêng anglampahakên utusan dhatêng Jipang animbali Ki Tumênggung Kartanagara kalihan tiyang môncanagari sadaya, kinèn dhatêng Surabaya, sampun ngantos angopèni rêriwukipun Panji Surèngrana wontên ing margi, sarta kapêsthi ing dintên dhatêngipun wontên ing Surabaya, supados sarênga dhatêngipun kalihan [kaliha...]

--- 588 ---

[...n] ki patih. Utusan enggal mangkat, sampun dumugi ing Jipang, Ki Tumênggung Kartanagara inggih enggal bidhal kalihan bala môncanagari, ing Jipang tinilaran bala sawêtawis, têtindhihipun Ki Tumênggung Surawijaya ing Jipang, lampahe ki tumênggung lan sabalanipun sampun dumugi ing Surabaya, atata pasanggrahan sarta abêbiting wontên sakiduling kitha, nama ing dhusun Sapanjang, balanipun angêbêki ara-ara tuwin pasabinan.

Wondene Ki Patih Cakrajaya kalihan kumêndur sarta bala Kumpêni ing sarêng dhatêngipun wontên ing Surabaya, anjujugi loji, ing ngriku sampun wontên bètèngipun alit, kajagèn Kumpêni kawan dasa, kala rumiyin sampun kainggahan dhatêng gêgaman ing Surabaya, nanging botên kenging, kumêndur wau lajêng abêbiting malih, anuntên gêgaman pasisir kang mêdal dharat sami dhatêng, kathahipun tanpa wilangan. Lajêng sami abêbiting tunggil Ki Patih Cakrajaya, untabing bala ambêlabar kados toya sagantên tanpa têpi, sarta sami angatos-atos. Bala Kumpêni inggih sampun anata maryêmipun wontên ing bètèng, ki patih kalihan tiKi. Tumênggung Kartanagara lajêng sami anglampahakên utusan, angaturi palapuran ing sang prabu.

Gêntos kacariyos Panji Surèngrana kalihan Juragan Bali, kalanipun Ki Patih Cakrajaya dhatêng wontên ing

--- 589 ---

Tuban. Panji Surèngrana sumingkir saking ing Paronggahan. Sarêng ki patih sampun mangkat dhatêng Surabaya, Panji Surèngrana sarta Ki Juragan wangsul dhatêng ing Paronggahan malih. Kala samantên Ki Juragan Bali apikir ing manahipun. Si panji iki kapriye, tuture marang aku ênggone nglakoni pêrang iki awit saka parentahe sang prabu ing Kartasura, jêbulane amungsuh pêpatihe sang prabu sarta wong satanah Jawa, dadi aku iki milu wong duraka ing ratu, môngka ing kauripanaku iki anglakoni dagang kongsi dadi ing kasugihanaku, awit saka brêkahe kang jumênêng nata ing tanah Jawa, angur aku milua marang ki patih, têrkadhang dadi kamulyane awakku. Ki Juragan lajêng awad-awad sakit, botên nêdha-nêdha ngantos pitung dintên pitung dalu, nanging lajêng sakit sayêktos ising-isingên. Sarêng katur dhatêng Panji Surèngrana, Ki Juragan nuntên kinèn mantuk dhatêng Garêsik saanakbojonipun. Lampahipun karêmbat ing tandhu, sadhatênge ing griyanipun Garêsik Ki Juragan enggal nêdha sêkul, lajêng saras sami sakala.

Kacariyos srayanipun Panji Surèngrana kang nama Dewa Kaloran, lan sabalanipun tiyang Bali, amakuwon ing Garêsik. Dewa Kaloran wau pinuju ragi sakit. Nuntên angundang ing Ki Juragan Bali, Dewa [De...]

--- 590 ---

[...wa] Kaloran pitakèn pawartosing pabarisan. Ki Juragan inggih lajêng wêwartos kathah-kathah, Dewa Kaloran sarêng mirêng sangêt ênggènipun jêtung, nuntên wicantên dhatêng Ki Juragan. Ki Juragan, bangêt ênggonku gêtun angrungu pawartamu iku, dene calathune Si Panji ênggone angundang marang aku awit saka parentahe Susunan Pakubuwana, ing wusana dadi mungsuhe, yèn mangkono aku bakal tumuli mulih marang ing Nungsa Kambangan bae. Ki Juragan amangsuli, yèn dika ajêng mantuk, prayoga dika sanjang sarta anyuwuna pratôndha dhatêng Ki Patih Cakrajaya, bilih botên têrang dhatêng ki patih, pandugi kula dika botên angsal margi, sabab saurute pulo Madura puniku kaparentah ing Ki Patih Cakrajaya, môngka dika srayane Panji Surèngrana, dadi mungsuhe wong satanah Jawa, yèn botên kabênêran, dika amêsthi bakal nêmu bilahi lan sabala dika kabèh. Dewa Kaloran wicantên malih, Ki Juragan, aku amiturut apa kang dadi rèhmu. Ki Juragan nuntên anglampahakên kengkenan angaturakên sêrat panungkul dhatêng ki patih sarta amratelakakên ingkang dados pikajênganipun Dewa Kaloran, ênggènipun badhe mantuk dhatêng ing Bali sabalanipun, anyuwun pratandhanipun ki patih, supados wilujêngipun wontên ing margi. Kengkenanipun Ki

--- 591 ---

Juragan inggih sampun dumugi ing Surabaya, sêrat sampun kaaturakên. Ki patih sarêng sampun maos sêrat, sangêt suka ing manahipun. Lajêng amangsuli sêrat animbali Ki Juragan sarta amaringi pratôndha, yèn sampun anglilani ing mantukipun Dewa Kaloran dhatêng ing Bali lan sabalanipun. Ki Juragan sarta Dewa Kaloran sarêng sampun anampèni sêrat, enggal sami mangkat. Ki Juragan angatêr ing margi, Dewa Kaloran sabalanipun lastantun dumugi ing Bali. Ki Juragan lajêng dhatêng Surabaya, ki patih kalihan kumêndur sarêng aningali ing warninipun Ki Juragan, sangêt ing bingahipun. Dêdêgipun gagah prakosa sarta kathah rencangipun tiyang têtumbasan.

Ki patih lajêng anantun dhatêng Ki Juragan, punapa purun kaabên pêrang amêngsah Panji Surèngrana, atur wangsulanipun Ki Juragan. Inggih purun. Ing pundi panggenanipun kêpanggih botên ajrih amêngsah prang kalihan Surèngrana. Ki Patih lajêng parentah dhatêng bupati ing Têgal, kalih ing Kaliwungu, tiga bupati ing Barêbês. Kinèn angabên prang Ki Juragan dhatêng ing Lamongan. Ingkang sami kadhawuhan enggal mangkat sabalanipun, mêdal ing Garêsik. Lajêng dhatêng ing Lamongan. Kala samantên Panji Surèngrana sawêg mantuk saking Paronggahan, kagèt kadhatêngan gêgaman saking

--- 592 ---

Surabaya, lajêng campuh prang, Ki Juragan dharat angamuk liwung sarencangipun. Bala ing Lamongan kathah kang pêjah, sabab gugup tandangipun, botên nyana yèn kadhatêngan mêngsah, anuntên bupati ing Tuban sabalanipun nangkêbi saking lèr, gêgaman ing Jipang nangkêbi saking kilèn. Panji Surèngrana sabalanipun kèngsêr saking kitha Lamongan. Lumajêng dhatêng satêngahing wana, sangêt pakèwêd papanipun. Balanipun botên wontên kang têluk satunggil-tunggila, kitha ing Lamongan sampun binêsmenan. Ki Juragan sarta para bupati sabalanipun wau lajêng wangsul dhatêng ing Surabaya.

Anuntên ki patih kalihan Ki Tumênggung Kartanagara tampi sêrat saking sang prabu, amundhut carikipun Ki Tumênggung Kartanagara, kang nama Saratruna, badhe kaabdèkakên. Sabab sang nata rêmên aningali ing sasêratanipun. Carik Saratruna inggih nuntên kaangkatakên. Sarta ki patih kalihan ki tumênggung sami angaturi sêrat palapuran bab prang, sarta mratelakakên yèn wontên juragan satunggil anama Juragan Bali, kathah rencangipun têtumbasan purun anglabuhi ing damêlipun sang prabu, sangêt kêndêlipun yèn prang, utusanipun Ki Patih inggih sampun mangkat sarta andhèrèkakên Carik.

Kacariyos adhinipun Dipati Jayapuspita, kang nama [na...]

--- 593 ---

[...ma] Panji Kartayuda, ingkang abaris ing kitha Kadhiri, kala samantên mantuk dhatêng Surabaya lan sabalanipun kalih èwu, nanging botên lumêbêt ing kitha, balanipun pinêrapat, lajêng angriwuk bala ing Kartasura kang sami baris wontên ing dhusun Sapanjang. Ingkang wontên sajawining biting ing sabên dalu sami dipun kampaki tuwin ing wanci siyang inggih dipun inggahi, dhatêngipun botên kenging katamtu, têrkadhang wanci sêrap, têngah dalu, lingsir dalu, bangun enjing, wanci enjing, siyang inggih dhatêng anggêbag ing pasanggrahan. Nuntên sami wangsul dhatêng ing wana, bala ing Kartasura sami giris manahipun. Yèn dalu botên sakeca tilêm. Bilih siyang botên wontên sagêd kêkrapa.

Kacariyos malih utusanipun Ki Patih kang dhatêng ing Kartasura, Ki Saratruna sampun kaaturakên ing sang prabu, lajêng kaabdèkakên, kadadosakên Lurah Carik, kaparingan nama Carik Bajra, sang nata inggih sampun amaringi sêrat wangsulan dhatêng ki patih bab Ki Juragan Bali, andikakakên ênggêmpalakên siti dhusun ing Garêsik karya tigang atus. Kinèn maringakên dhatêng Ki Juragan, sarta kapatêdhanan nama Ngabèi Tohjaya. Utusanipun Ki Patih sarêng sampun anampèni wangsulan dalêm, enggal mangkat wangsul dhatêng Surabaya, sêrat dalêm sampun katampèn dhatêng ki patih sarta sangêt bingah [bi...]

--- 594 ---

[...ngah] ing manahipun. Ki Juragan Bali lajêng kamupakatakên ing para bupati, yèn kaparingan nama Ngabèi Tohjaya, kapatêdhan lêlênggah tigang atus karya siti dhusun ing Garêsik.

Anuntên ki patih rêmbagan kalihan kumêndur, sarèhning sampun lami ênggènipun dhatêng wontên ing Surabaya, prayogi tumuntên lêkas pêrang, ambêdhah kitha Surabaya, kumêndur kapanujon manahipun. Lajêng sami parentah anata baris. Ingkang kadadosakên panjawat kiwa bala pasisir kiwa, têtindhihipun Ki Dipati Jayaningrat. Ingkang dados panjawat têngên bala pasisir têngên, têtindhihipun Ki Dipati Citrasoma ing Japara, Ki Patih sabalanipun sarta bala Maduntên dados dhadha, tunggal kalihan bala Kumpêni, botên pisah kalihan kumêndur, anuntên bidhal saking pabitingan sumêja marêpêk kitha, kathahing bala tanpa wilangan. Bala Kumpêni yèn sinawang kados mêndhung alêlampah, bala pasisir kados toya sagantên ambalabar ngêbêki papan. Busananipun apindha sêkar sataman. Bala ingkang lumampah ing ngajêng sami ambêkta tingkês jagang.

Wondene Ki Dipati Jayapuspita ing Surabaya inggih sampun mêdal saking kitha sabalanipun sumêja mêthuk prang, amapan wontên ing ara-ara dhusun Kapasan. Kathahing bala antawis wolung èwu, ingkang kadadosakên [kadado...]

--- 595 ---

[...sakên] panjawat kiwa adhinipun sang dipati wuragil anama Ngabèi Jangrana, ingkang dados panjawat têngên putranipun Sang Dipati Jangrana suwargi anama Jaka Tangkêban, taksih jaka kumala- kala, ingkang dados dhadha sakathahe pangulu, kêtib, modin sapanunggilanipun, sami ngangge rasukan pêthak, anyothe cundrik, nyêpêng talêmpak, wêtawis kathahipun wolung atus. Têtindhihipun anama Ki Pangulu Khakim kalih Ki Pangulu Tambak Kaji, yèn sinawang kados pêksi kuntul sarawa, Sang Dipati Jayapuspita anjênêngi wontên ing wingking, lênggah sarta pinayungan, ingadhêp bala kang ngampil upacara. Gêgaman ing Surabaya sampun ajêng-ajêngan kalihan gêgaman pasisir utawi gêgaman Kumpêni, nanging tandhingipun jitus. Upaminipun tiyang Surabaya satunggil, mêngsahipun satus. Bala ing Surabaya inggih botên ajrih aningali mêngsahipun kathah, anuntên sami campuh prang, bala Kumpêni angarutug ing sanjata tuwin maryêm. Kaum ing Surabaya sami mêndhak. Sarêng ing paprangan sampun pêtêng dening kukus, para kaum lajêng sami mangsah sarwi surak, anusup kukus. Lajêng sami prang rukêt. Kathah kang sami pêjah, utawi kang sami dados panjawat inggih sampun sami prang sakalangkung rame, swaraning sanjata sarta maryêm kados galudhug botên kèndêl-kèndêl awor swaraning surak tuwin pasambating [pasamba...]

--- 596 ---

[...ting] tiyang kang kabranan, yèn kamirêngakên anggêgirisi, ing paprangan mili rah, wangke tumpang tindhih amindha pulo, kang minôngka toyaning sagantên êrah wau, putunganing watang amindha sarah, kang amindha mina tamèng tuwin lêlayu sarta bandera, kathahe ingkang sami pêjah tanpa wilangan. Bala Kumpêni kalih brêgada ingkang pêjah ing paprangan ngriku sabrêgada, bala pasisir sapanunggilanipun bala ing Kartasura pêpalihan ingkang pêjah lan ingkang taksih gêsang, sarta bibrah tatanipun. Wondene bala ing Surabaya taksih kathah ingkang gêsang lan ingkang pêjah, sabab gilig ing kapurunanipun sami sumêja prang sabil. Dados awrat sêsanggènipun.

Kacariyosakên wiwit nagari Majapait, wontênipun prang rame sarta kathahing pêpêjah botên anyamèni prang Surabaya punika, bala Kumpêni tuwin bala pasisir nuntên dhadhal sami lumajêng angungsi ing bitingipun. Bupati ing Têgal kang nama Panji Wiranagara lan sabalanipun kalih atus kawan dasa botên purun lumajêng, nuntên ingêbyukan dening bala Surabaya, Panji Wiranagara lan sabalanipun wau sampun tumpês sadaya, bala ing Surabaya sami wêlas aningali ing kunarpanipun Panji Wiranagara, sabab bagus warninipun panggah ing pêrang, kunarpanipun lajêng sami dipun saèni. Wondene palajêngipun [pala...]

--- 597 ---

[...jêngipun] bala pasisir wau kathah kang sami gêbyur ing lèpèn. Têmah salong wontên kang pêjah dening toya, Ki Ngabèi Tohjaya sarencangipun dados pangawat kiwa sumêdya panggah ing pêrang, nanging kèlês ing kathah, inggih nuntên lumajêng nurut lèpèn. Sampun kêpanggih kalihan ki patih wontên ing biting, Ki Tohjaya matur, ki patih sampun ngantos tumut ing pêrang, anjênêngana wontên ing wingking kemawon, dadosa pangungsènipun bala kang sami lumajêng. Ki patih sangêt suka ing manahipun lajêng anglempakakên bala kang sami lumajêng wau sarta katata malih, tuwin prajuritipun ki patih piyambak inggih sampun katata. Anuntên bala ing Surabaya dhatêng, sumêja ngrangsang bitingipun ki patih, gumuruh sarwi surak, gamêlanipun angungkung, lajêng anêmpuh, bala kapatihan sarta bala pasisir anadhahi, arame pêrangipun. Kathah kang sami pêjah, Ki Tohjaya munggèng ing ngarsane ki patih sarencangipun ngamuk liwung, kang tinarajang kathah kang pêjah, bala pasisir sami lumajêng angungsi ing ki patih, nuntên katulungan dhatêng bala ing kapatihan. Bala ing pasisir lajêng purun majêng pêrang malih, ing sabên-sabên mêngkab barisipun enggal tinulungan dhatêng ki patih, dados kêkah pêrangipun bala ing pasisir, bala ing Surabaya inggih sura pêrangipun. Pêpêjah anggulasah sak ênggèn-ênggèn. Anuntên Kumpêni anulungi kalayan mariyêm saking ing bètèng, [bè...]

--- 598 ---

[...tèng,] bala ing Surabaya kathah kang pêjah, lajêng sami mundur sabab kasaput ing dalu, Dipati Jayapuspita lajêng anabuh gamêlanipun wontên ing pabitinganipun, sarta sami asuka-suka, bala ing Kartasura kang sami mirêng angênês manahipun. Ki patih lajêng angaturi uninga ing sang prabu kawrat ing sêrat. Yèn kawon pêrangipun, balanipun kathah kang pêjah, punapa malih kumêndur inggih sampun kintun sêrat dhatêng Amral Barikman kang wontên ing Samawis. Kala samantên sinêngkalan 1643.

Kawuwusa Panji Surèngrana kalih Panji Kartayuda, sami bidhal sabalanipun wêtawis kathahipun kawan èwu, sumêja nukub bala môncanagari kang sami baris wontên ing dhusun Sapanjang, kala samantên Tumênggung Surawijaya ing Jipang sawêg dhatêng abêbantu mriku sabalanipun sarta ambêkta têtêdhan kathah, kang sami baris ing ngriku wau sami suka manahipun. anuntên gêgamanipun Panji Surèngrana kalih Panji Kartayuda dhatêng, anukub wanci têngah dalu amaju tiga, bala môncanagari kagèt, botên nyana ulêng-ulêngan kados gabah dèn intêri, sarta kathah kang pêjah dening mêngsah, gêgaman tuwin barangipun sami têlas kapêndhêt ing mêngsah, Tumênggung Surawijaya tatu kenging pasêr, Tumênggung Kartanagara sabalanipun badhe atêtulung, nanging sampun dipun ajangi, dados [dado...]

--- 599 ---

[...s] botên sagêd atêtulung, sarta balanipun kathah kang pêjah dening mêngsah, botên sagêd amalês. Ênggènipun pêrang wiwit têngah dalu ngantos ing wanci byar, sarêng wanci enjing Panji Surèngrana kalih Panji Kartayuda sabalanipun sami mundur dhatêng ing wana, bala Kartasura sarta môncanagari sami ngênês manahipun. Sarêng wanci siyang Ki Tumênggung Surawijaya pêjah, ing dalunipun Ki Tumênggung Kartanagara sabalanipun tiyang Kartasura sami ambolos. Enjingipun Panji Surèngrana sabalanipun dhatêng malih, bala môncanagari nungkul asrah bongkokan gêgaman. Lajêng kinèn anututi kang sami ambolos wau, bala Kartasura kathah kang kacandhak pinêjahan. Ênggènipun anututi wangsul ing Lamongan. Palajêngipun Ki Tumênggung Kartanagara mêdal ing Garêsik. Sumêja anjog ing Samawis. Sarta sangêt karisakanipun.

Kacariyos Amral Brikman, ingkang wontên ing Samawis. Sarêng tampi sêrat saking Surabaya, yèn Kumpêni kawon pêrangipun, sarta nuntên aningali bala ing Kartasura kang sami kaplajêng wau, Amral anuntên mangkat ambêkta Kumpêni kalih brêgada, sumêja abêbantu dhatêng ing Surabaya mêdal ing laut. Sadhatêngipun ing Surabaya lajêng mêntas dhatêng dharatan sakumpêninipun. Sampun kêpanggih akalihan kumêndur tuwin ki patih, kumêndur

--- 600 ---

awêwartos yèn kawon prangipun. Amral lajêng ambanting tapiyonipun. Enggal anyandhak sêmprong kadamêl nyêmprong pabarisan ing Surabaya, Amral sarêng aningali agêngipun pabarisaning mêngsah sangêt eram, sarta agèdhèg-gèdhèg. Lajêng wicantên dhatêng Ki Patih Cakrajaya, ki patih, sangêt eraming manah kula aningali agênge barising mêngsah, salami kula pêrang wontên ing tanah Indhu ing sabrang, kula dèrèng aningali kathahing mêngsah kados punika, kula botên maibên yèn awrat ing sêsanggènipun. Kalih dene laminipun ênggèn sampeyan bêbarisan wontên ing ngriki, tiyang Surabaya dèrèng wontên kang nungkul satunggil-tunggila, ing saupami kula botêna anglampahi ayahanipun sang prabu, kula pilalah wangsul saking wêgah kula rumaos botên sagêd ambêdhah ing Surabaya. Kacariyos Amral wau lajêng botên nêdha-nêdha ngantos tigang dintên tigang dalu, amung anisil pari kemawon. Bilih tilêm anungsang, sukunipun kadèkèk ing inggil. Sarêng sampun tigang dintên lajêng wicantên dhatêng ki patih, radèn dipati, pandugi kula wontên pitulunging Allah dhatêng kula, nagari ing Surabaya kados badhe bêdhah dening kula, mila sampun ngantos maras galih sampeyan. Ki patih sakalangkung suka ing galihipun.