Sastra Jawa

Program Digitalisasi Sastra Daerah

  • Increase font size
  • Default font size
  • Decrease font size

Babad Tanah Jawi, Meinsma, 1874, #778 (Hlm. 601-688)

Katalog:Babad Tanah Jawi, Meinsma, 1874, #778
Sambung:
1.Babad Tanah Jawi, Meinsma, 1874, #778 (Hlm. 001-085). Kisah, Cerita dan Kronikal | Babad Tanah Jawi #771.
2.Babad Tanah Jawi, Meinsma, 1874, #778 (Hlm. 086-168). Kisah, Cerita dan Kronikal | Babad Tanah Jawi #772.
3.Babad Tanah Jawi, Meinsma, 1874, #778 (Hlm. 169-260). Kisah, Cerita dan Kronikal | Babad Tanah Jawi #773.
4.Babad Tanah Jawi, Meinsma, 1874, #778 (Hlm. 261-345) . Kisah, Cerita dan Kronikal | Babad Tanah Jawi #774.
5.Babad Tanah Jawi, Meinsma, 1874, #778 (Hlm. 346-427). Kisah, Cerita dan Kronikal | Babad Tanah Jawi #775.
6.Babad Tanah Jawi, Meinsma, 1874, #778 (Hlm. 428-522) . Kisah, Cerita dan Kronikal | Babad Tanah Jawi #776.
7.Babad Tanah Jawi, Meinsma, 1874, #778 (Hlm. 523-600) . Kisah, Cerita dan Kronikal | Babad Tanah Jawi #777.
8.Babad Tanah Jawi, Meinsma, 1874, #778 (Hlm. 601-688) . Kisah, Cerita dan Kronikal | Babad Tanah Jawi #778.

--- 601 ---

Ki Patih lajêng parentah dhatêng Ki Ngabèi Tohjaya, kinèn anindhihi bala kang sami ngupaya uwos tuwin pantun sapanunggilanipun kang warni tatêdhan dhatêng padhusunan sakiwatêngêning ngriku, Ki Tohjaya wau kinanthenan tiyang ing Kudus satunggil anama Sirnayuda, sami kakêndêlanipun akalihan Ki Tohjaya, tiyang kêkalih inggih lajêng mangkat angirit tiyang kathah, sarta sampun angsal tatêdhan kathah, tiyang ing bêbarisan sami ayêm manahipun. Ki patih anuntên anglampahakên utusan animbali Pangeran Cakraningrat ing Madura, nanging botên sagêd sowan. Sabab ing Madura pinuju pêrang agêng, amêngsah mantunipun kang anama Arya Dikara ing Pamêkasan. Wondene ingkang dados nalaring pêrang, garwanipun Arya Dikara wau purik dhatêng ing Maduntên. Lajêng dipun kêkahi dhatêng ingkang rama Pangeran Cakraningrat. Ing sabên dintên tansah pêrang sarta kathah kang sami pêjah, nanging tiyang Maduntên kathah kang sami ambalik tumut Arya Dikara. Pangeran Cakraningrat sangêt kewran ing galihipun. Lajêng parentah dhatêng ingkang rayi kang anama Radèn Suradiningrat, kinèn ambêdhah ing Pamêkasan, kinanthenan santananipun anama Jangkewuh, sarta binêktanan bala ing Maduntên sapalih.

Radèn Suradiningrat enggal bidhal sabalanipun. Sarêng dumugi sajawining kitha Radèn Suradiningrat sanès [sa...]

--- 602 ---

[...nès] pikajênganipun, melik ing kamuktèn, supe ing kadang sêpuh, kait kalihan Jangkewuh, sumêja ngêndhih ingkang raka Pangeran Cakraningrat. Radèn Suradiningrat wau lajêng adamêl sêrat katur ing Ki Patih Cakrajaya kalihan kumêndur, amadulakên yèn ingkang raka sumêja ambalik mêngsah ing sang prabu, bilih wontên pangajanipun ki patih, Radèn Suradiningrat inggih sagah ambêdhah ing Madura, akathah- kathah wêwadulipun kang kalêbêt ing sêrat. Utusan enggal lumampah dhatêng ing Surabaya, sêrat sampun katur dhatêng ki patih sarta kumêndur, ki patih enggal amangsuli sêrat. Radèn Suradiningrat kinèn anggêbag nagari ing Maduntên, anyêpênga kakangipun. Sarta ki patih amarentahi tiyang Sumênêp tuwin Pamêkasan, sami ambiyantonana dhatêng Radèn Suradiningrat. Punapa malih kumêndur inggih sampun amarentahi kapitan kapal satunggil anama Kapitan Kartas, kinèn anjathok wontên muwara Madura, Kapitan Kartas sampun nyêpak wontên ing muwara Madura, punapa malih tiyang ing Sumênêp tuwin Pamêkasan inggih sampun kumpul kalihan Radèn Suradiningrat. Têtiyang ing Madura inggih kathah kang anungkul, dados Pangeran Cakraningrat kesisan bala. Kala samantên Pangeran Cakraningrat sampun sumêrêp yèn ingkang rayi ambalik sumêja ngêndhih ing Madura, Pangeran sangêt [sangê...]

--- 603 ---

[...t] ênggènipun prihatin sarta kesisan bala, lajêng utusan aminta sraya dhatêng ing Bali. Anuntên Radèn Suradiningrat sabalanipun dhatêng angêpung ing Madura, Pangeran amêmpên salêbêting cêpurinipun. Balanipun kantun nêm atus. Ing sabên dintên sami anglolosi anungkul ing Radèn Suradiningrat. Pangeran sangsaya ngênês. Kang pinanggih ing galihipun sumêja nungkul dhatêng Kumpêni kang wontên ing baita badhe lajêng sowan dhatêng ki patih, pangeran enggal anglampahakên utusan têluk dhatêng Kapitan Kartas. Kapitan Kartas sarêng anampèni pratelaning utusan, sangêt bingah ing manahipun, enggal winangsulan. Pangeran ingaturan lolos saking ing dalêmipun, tumêdhaka dhatêng baita, utusan sampun mantuk matur ing gustinipun. Pangeran sangêt bingah, lajêng pradandosan sagarwaputranipun. Anuntên Radèn Suradiningrat sabalanipun angrurah padalêman ing Madura, Pangeran Cakraningrat sampun lolos mêdal kori bêbutulan sagarwaputranipun tuwin abdi ing sawêtawis. Lampahipun sampun numpak ing baita konthing angunjal dhatêng kapal. Pangeran minggah ing kapal rumiyin. Kapitan mêthukakên sarta sangêt ing urmatipun. Atata lênggah wontên ing petak, sarta urmat angungêlakên mariyêm. Anuntên garwa putranipun sang pangeran minggah ing kapal.

--- 604 ---

Kapitan enggal mêthukakên sajawining petak, anyandhak astanipun radèn ayu sarwi anêcêp jangganipun. Radèn Ayu Cakraningrat sarèhning dèrèng sumêrêp ing adatipun tiyang Wêlandi lajêng anjêrit. Sariranipun gumêtêr asambat ingkang raka. Pangeran Cakraningrat amirêng panjêritipun ingkang garwa sangêt kagèt, andik netranipun, mukanipun kados sêkar wora-wari bang, sangêt ing krodhanipun. Enggal narik curiga, Kapitan Kartas sinuduk lambungipun têrus pêjah kapisanan aniba ing petak. Pangeran lan putranipun lajêng angamuk. Kumpêni sakapal gègèr, pangeran kinarubut pinêstulan, pinêdhangan, kinêrbinan, nanging botên pasah, Kumpêni kathah kang pêjah, Wêlandi gala-gala sami têtulung angêbyuki, pangeran tinubruk ing kursi tiba lênggah, lajêng pinoporan sarta ginêbagan ing sorok. Rêmak sariranipun lajêng pêjah saputranipun. Wêlandi sakapal kathah kang pêjah lan ingkang gêsang, jisimipun sang pangeran lajêng kinêthok jangganipun. Gêmbung binucal ing sagantên. Sirah binêkta dhatêng Surabaya lan garwa tuwin putranipun alit-alit. Dene kitha ing Madura lajêng dipun broki ing Radèn Suradiningrat. Lampahipun Kumpêni kang ambêkta sirahipun Pangeran Cakraningrat wau sampun katur dhatêng Amral tuwin ki patih, sarta sangêt ing ngungunipun. Ki patih enggal [engga...]

--- 605 ---

[...l] anglampahakên utusan sarta mawi sêrat angaturi uninga ing sang prabu, wondene sang nata sarêng anampèni sêrat saking ki patih, inggih sakalangkung ngungunipun. Enggal amaringi wangsulan, sarta nuwala kapatêdhakakên ing Radèn Suradiningrat. Sêrat wangsulan sarta nuwala inggih sampun katampèn dhatêng ki patih tuwin Amral. Sarta sami sangêt ing bingahipun sabab aturipun katarimah.

Ki patih nuntên utusan animbali ing Radèn Suradiningrat ing Madura lan sabalanipun, samaktaa sagêgamaning prang, utusan sampun dumugi ing Madura, Radèn Suradiningrat sarêng tampi parentah, inggih enggal bidhal sabalanipun tiyang Madura Sumênêp Pamêkasan kinêrig. Sarta lajêng kamupakatakên yèn kadadosakên bupati ing Madura, kaparingan nama Pangeran Cakraningrat. Amral sarta ki patih lajêng parentah dhatêng para bupati sabalanipun. Yèn ing dintên Salasa badhe magut prang ambêdhah ing Surabaya, kang sami kadhawahan matur sandika, sarêng ing dintên Salasa inggih lajêng bidhal saking ngriku anyakêti bitinging mêngsah sajawining kitha, Kumpêni sampun adamêl biting, amunggul balowartinipun, maryêmipun sampun tinata, ajêng-ajêngan kalihan bitinge mêngsahipun. Para bupati pasisir tuwin ing Madura inggih sampun sami abêbiting piyambak-piyambak. [piyambak-piyamba...]

--- 606 ---

[...k.] Kumpêni wau kathahipun kawan bragada, bala Surabaya sarêng aningali Kumpêni angangsêk biting, lajêng sami angatos-atos sarta amapanakên mariyêmipun. Nuntên sami pêrang mariyêm saking pabitingan. Dipati Jayapuspita minggah ing pêpanggungan anabuh carabalèn. Tuwan Amral aningali solahipun sang dipati angeca-eca, agèdhèg-gèdhèg. Lajêng parentah anyipat mariyêm pêpanggungan. Binendrong botên kèndêl-kèndêl. Nanging botên kenging, sang dipati taksih ngeca-eca anabuh carabalèn, tuwin balanipun sadaya inggih botên wontên ingkang miris. Malah sami ura-ura, wontên kang anggambang tuwin calêmpungan. Punapa malih yèn wanci siyang para èstri inggih sami angintun dhatêng lakinipun kang sami wontên ing pabarisan pabitingan. Sarêng katingalan dhatêng tiyang Kumpêni lajêng kasipat ing mariyêm. Nanging botên wontên kang kenging, para èstri wau inggih botên wontên kang ajrih, sakeca ênggènipun sami lumampah sarwi anggendhong cêngingcêthing. tuwin sumbul. Ing waktu punika pabarisan ing Surabaya prasasat abêbiting pandonga ajêjagang pamuji, mila makatên, têtiyang ing Surabaya jalêr èstri sadaya sami kaprêdi salat sarta kaprêdi angaji kitab Kur'an dhatêng sang dipati, ing samangsanipun wontên kang amiturut ing parentah wau, lajêng

--- 607 ---

kalêpatakên ing paos tuwin takêr têdhak, malah sami tampi ganjaran. Yèn pinuju tiyang padhusunan inggih sadhusun pisan kapradikakakên. Milanipun sadaya sami ajrih asih dhatêng sang dipati, sarêng prang punika sami nêja anglabuhi pêjah amalês kasaenanipun sang dipati, dene ênggènipun pêrang mariyêm punika laminipun pitung dintên pitung dalu, têtiyang ing Surabaya sami yuwana, botên wontên kang sami kadhawahan ing mimis. Punapa malih pamondhokanipun ingkang sami kadhawahan mimis gutuk api, mimis bum, inggih botên wontên kang pasah kabêsmi, amargi sang kipati sangêt kumandêlipun ing Allah sarta sae ing pambêkanipun.

Anuntên kacariyos Panji Surèngrana kalih Panji Kartayuda, ênggènipun minta sraya tiyang ing Bali dhatêng, pinanggihan wontên ing Lamongan anama Murah Panji Balèlèng, ambêkta bala sèwu, sakalangkung sinuba-suba dhatêng Panji Surèngrana kalih Kartayuda sarta kathahing pangêbangipun. Panji Surèngrana sarta Kartayuda wau lajêng sami angaturi uninga dhatêng ingkang raka sang dipati, ingaturan amanggihana Murah Panji Balèlèng wau, sang dipati botên karsa amanggihi, nanging ingkang rayi kalih kinèn abêbingaha ing srayanipun. Supados sampun ngantos mutik mantuk dhatêng ing Bali, ciptanipun sang dipati saupami benjing kasêsêr pêrangipun, tiyang ing Bali [Ba...]

--- 608 ---

[...li] wau badhe kenging kaabên pêrang, ciptanipun sang dipati makatên punika kalajêng kasiku ing Allah, sabab suda pangandêlipun ing Allah, angandêl dhatêng sêsamining tiyang, andadosakên icale yuwananipun salêbêting prang, pratandhanipun, kala sang dipati dèrèng sumêrêp, yèn ingkang rayi kêkalih aminta sraya tiyang ing Bali, griya ing pabarisan Surabaya botên wontên kang kabêsmi dening mimis, utawi tiyangipun inggih botên wontên kang sami kenging ing mimis. Sarêng sang dipati anampèni ing dhatêngipun tiyang ing Bali wau, bala ing Surabaya lajêng kathah kang sami kenging ing mimis. Griya ing pabarisan inggih lajêng kathah kang sami kabêsmi dening mimisipun tiyang Kumpêni.

Gêntos kacariyos tuwan kumêndur sarta Amral apirêmbagan kalihan ki patih, tuwan kumêndur wicantên dhatêng ki patih, radèn dipati, kadospundi prakawis pêrang punika, yèn manggunga mêmriyêman kemawon, pandugi kula ing dalêm sawindu botên sagêd rampung pêrang puniki, obat mimis kula botên wande badhe têlas. Mênggahing rêmbag kula prayogi pêrang dhadha, bilih kawon inggih sirna, yèn mênang amêsthi ngukup, nanging tumuntên wontên kawêkasanipun. Kalih dene tiyang sampun botên kêkirangan. Bala Kumpêni tuwin bala Jawi sampun kathah, gêgamanipun sampun mirantos. Kang dipun [dipu...]

--- 609 ---

[...n] antosi punapa. Tuwin Amral kalihan ki patih kapanujon manahipun. Lajêng sami parentah anata baris. Ingkang dados panjawat kiwa Pangeran Cakraningrat akanthi têtiyang ing Sumênêp Pamêkasan, ing Grêsik Sidayu, para bupati pasisir sanèsipun sami dados panjawat têngên. Ki patih tunggil bala Kumpêni dados dhadha, kathahing bala tanpa wilangan. Wondene Ki Dipati Jayapuspita inggih sampun sumêrêp yèn mêngsahipun mêdal pêrang, balanipun sang dipati inggih sampun katata, lajêng sami anabuh tangara magut ing pêrang, sakalangkung ramening pêrangipun, sabab sami ing purunipun. Swaraning sanjata sarta surak angobahakên bumi, dhawahing mimis amindha jawah, kunarpa ambêlasah saênggèn-ênggèn. Bala Kumpêni kang tumpês kalih brêgada, kapitan Wêlandi kang pêjah anama Kapitan Krasbun. Lutnangipun kang pêjah kêkalih, anama Pan Dêrlin, kalih Lutnang Pambandhêm. Bala pasisir tuwin bala Madura kang pêjah tanpa wilangan. Wondene bala ing Surabaya kathah ingkang pêjah lan ingkang taksih gêsang, bala kang sami pêjah ing paprangan wau warni-warni, wontên kang pêjah kenging gêgaman, sawênèh pêjah sêsingunên aningali kunarpa kathah, wontên kang pêjah ambu-ambunên dening rah, wontên kang pêjah sayah sarta kaluwèn, sabab ênggènipun pêrang sadintên muput. Anuntên [A...]

--- 610 ---

[...nuntên] kasaput ing dalu, ingkang pêrang sapih sami mundur dhatêng ing pabitinganipun. Sarêng sanès ing dintên Sang Dipati Jayapuspita sabalanipun atilar kitha, lumèngsèr dhatêng sawetaning lèpèn, amapan baris wontên ing kori sakèthèng, kithanipun lajêng dipun broki dhatêng Kumpêni tuwin ki patih, anuntên bêbantunipun Kumpêni saking Jakarta dhatêng wontên ing ngriku, kathahipun kalih brêgada, têtindhihipun anama Mayor Gustap, kalih Kapitan Pardèmês, tiga Lutnang Jakin, sakawan Kapitan Tonar.

Anuntên tuwan kumêndur wicantên dhatêng ki patih tuwin dhatêng Amral, angajak magut pêrang malih, sabab kumêndur wau botên sabaran sarta sangêt ing kêndêlipun. Ki patih sarta Amral anuruti, ing enjingipun lajêng sami ambidhalakên gêgaman. Tataning baris botên ewah, taksih kados sabên. Wêdalipun saking kitha andalêdêg kados toya mêdal saking rong. Wondene Sang Dipati Jayapuspita inggih sampun mêdal saking kori sakèthèng sabalanipun, amapan wontên sakilèning lèpèn. Balanipun pinartiga, kang saduman kadèkèk pangawat kiwa, têtindhihipun anama Jaka Tangkêban. Kang saduman kadamêl pangawat têngên, têtindhihipun Ki Ngabèi Jangrana, bala kang saduman dados dhadha, têtindhihipun sang dipati piyambak, tinunggilakên

--- 611 ---

kalihan prajurit kaum. Sang dipati wau agadhah prajurit dulangmangap kalih èwu, kinèn rumêksa wontên wingkingipun. Anuntên bala ing Kartasura sarta Kumpêni dhatêng, lajêng têmpuh pêrang rame, swaraning sanjata kados rêdi rêbah, swaraning surak amindha ampuhan. Bala ing Kartasura tuwin Kumpêni kathah kang pêjah, bala ing Surabaya inggih kathah ingkang pêjah, ramening pêrang sarta kathahipun kang sami pêjah angungkuli ingkang sampun kalampahan. Pêjah sanjata lajêng sami pêrang rumakêt. Tuwan kumêndur sarta para upêsir tandangipun mubat-mabit anêrêgakên bala, kang tinêrajang têtumpêsan. Sang Dipati Jayapuspita anglela wontên ing paprangan. Nanging taksih sakeca lênggah pinayungan sarwi udud. Arasukan pranakan pêthak, udhêng gilig wungu, anyamping limar, ingadhêp lare alit angampil upêt kalihan gantèn. Tuwan kumêndur sarêng aningali dhatêng sang dipati lajêng angabani Kumpêninipun, kinèn ngarutug ing sanjata tuwin mariyêm. Nanging botên kenging, sang dipati angawe-awe sarwi wicantên. Kumêndur, majua mrene, yèn obat mimismu êntèk usungana manèh. Bala ing Surabaya ingkang dados panjawat têngên têtumpêsan. Ki Ngabèi Jangrana kapupu ing paprangan. Dene ingkang dados panjawat kiwa inggih sakalangkung rame pêrangipun, têtindhihipun anama [a...]

--- 612 ---

[...nama] Jaka Tangkêban. Balanipun kathah ingkang pêjah, Jaka Tangkêban wau sarêng aningali Sang Dipati Jayapuspita kinarubut ing Kumpêni, kinarutug ing sanjata, Jaka Tangkêban enggal anilar pangamukipun, sumêja amurugi dhatêng panggenanipun sang dipati sarwi anumpak kapal. Nanging lampahipun kasangsang ing mimis tuwin jêmparing sarta pasêr, kapalipun Jaka Tangkêban malumpat. Lajêng anyêlaki sang dipati, matur sarwi nangis angaturi mundur, sang dipati angandika, thole, lèrèna dhisik, aja angamuk. Anuntên sang dipati ingaturan uninga dhatêng balanipun, yèn ingkang rayi Ki Ngabèi Jangrana kasambut ing paprangan, balanipun tumpês. Sang dipati sarêng mirêng enggal nyandhak waos karsa angamuk, sarwi angatag prajuritipun dulangmangap sarta prajurit talangpati kalih èwu, ayo bocah dulangmangap talangpati, ngamuk barêng lan aku, padha mêrêma bae cikbèn ilang marasmu, ya iki patukoning swarga. Bala kang ingatag enggal mangsah, ambyuk angamuk rampak. Kang tinêrajang kathah pêjah, kang pêrang bangun rame malih.

Para mantri tuwin prajurit kaum ing Surabaya sami matur dhatêng sang dipati, sampun ngantos anyarirani prang, anjênêngana saking wingking kemawon. Sabab balanipun taksih kathah sarta taksih sami purun. Sang dipati amangsuli, ing sadina iki aku ora kêna padha

--- 613 ---

kopalangi, ayo barêng ngamuk. Para mantri sarta para kaum wau lajêng sami anglancangi ngamuk. Anêrajang bala Kumpêni kathah ingkang pêjah, Mayor Gustap angabani Kumpêninipun kang sami angangge durbus kathahipun wolung dasa, kang tinêmpuh têtumpêsan, sinusunan ing gurnat lan gurnada, tiyang ing Surabaya sangsaya kathah ingkang pêjah. Anuntên para garwanipun sang dipati tuwin para santananipun èstri sami kamirêngan, yèn Ki Ngabèi Jangrana pêjah sarta bala ing Surabaya inggih kathah ingkang pêjah, para èstri wau lajêng sami nusul dhatêng ing paprangan atawan tangis, sami anggarumung sang dipati ingaturan mundur, atata-tataa rumiyin. Sabab balanipun sampun kathah ingkang sami pêjah, akumpula kalihan Panji Surèngrana punapa dene Panji Kartayuda, nuntên majênga pêrang malih. Sang dipati sarêng ginubêl ing para arum, sangêt kewran ing galihipun. Lajêng mundur sabalanipun alon-lonan. Kumpêni botên ambujêng, angarutug ing sanjata saking katêbihan sarta kasaput ing dalu, Kumpêni sarta bala ing Kartasura sami wangsul dhatêng kitha ing Surabaya, Sang Dipati Jayapuspita wangsul dhatêng ing kori sakèthèng malih.

Ing dalunipun Panji Surèngrana kalih Panji Kartayuda sami sowan dhatêng ingkang raka, sang dipati ingaturan lumèngsèr saking kori sakèthèng, anunggila kalihan Murah [Mu...]

--- 614 ---

[...rah] Panji Balèlèng wontên ing Kapraban. Sang dipati alon amangsuli, adhi, aku durung gêlêm anyênyambat pêrang ing wong liyan. Samêngko aku isih dhêmên angadu pêrang wongku dhewe ing Surabaya, calathumu iku ya wis bênêr, sabab wongku ing Surabaya ming sathithik sarta wis akèh kang padha mati pêrang, mungsuhku wong saka tanah Jawa kèhe lêksan, êmbuh tikêle lan balaku ing Surabaya, nanging aku ora miris. Ingkang rayi kêkalih mêksa angaturi kèngsêr, sang dipati lajêng anantun dhatêng para lêlurahing kaum. Sarèhning badhe kumpul kalihan tiyang ing Bali, punapa botên ambatalakên ing sabilipun. Para kaum wau atur wangsulanipun sami pradongdi. Wontên ingkang matur yèn botên pikantuk ing prang sabil. Sabab têtunggilan kalihan tiyang kapir. Satêngah wontên ingkang matur pikantuk ing prang sabil, sanajan têtunggilan kalihan tiyang kapir, sabab amitulungi ing pêrang, amêsthi botên ambatalakên ing sabil. Kalih dene pikantuk ombèr angasokakên bala. Lajêng kathah kang sami matur amrayogèkakên kèngsêr, sang dipati kèlu ing tiyang kathah, lajêng bidhal saking ing kori sakèthèng lan sabalanipun tuwin sarepot sadaya, kèndêl wontên kapraban kalih dalu, lajêng dhatêng ing kaputran. Wontên ing ngriku amasanggrahan. Murah Panji Balèlèng inggih [ing...]

--- 615 ---

[...gih] wontên ing kaputran sabalanipun. Nanging pasanggrahanipun têbih kalihan sang dipati. Wondene tuwan kumêndur kalihan Amral punapa malih ki patih inggih sampun sami sumêrêp, yèn sang dipati kèngsêr dhatêng ing kaputran. Kumêndur angajak ngêlud. Amral kalihan ki patih botên angrêmbagi, kumêndur adrêng pangajakipun. Ki patih sarta Amral anuruti, kumêndur lajêng bidhal ambêkta Kumpêninipun kalih brêgada, Amral sarta ki patih tuwin para bupati botên wontên kang tumut, amung sami anguruni bala kemawon, antawis gangsal èwu, lampahing barisipun kumêndur sampun dumugi ing kaputran, pinêthuk ing prang lèrès. Baris ing Surabaya sumêja mapan dhatêng ing Wanakrama, panyananipun kumêndur tiyang Surabaya sampun kanji, botên sumêrêp yèn anggêlari, barisipun kumêndur anglud. Sarêng dumugi ing Wanakrama lajêng pinêthuk ing pêrang, Panji Surèngrana kalihan Murah Panji Balèlèng anangkêbi saking kiwa têngên. Bala Kumpêni kathah kang pêjah, sabab botên sagêd mikantukakên mariyêm tuwin sanjatanipun saking pakèwêding papan, sarta lajêng tinêrajang saking ing ngiringan. Kumpêni kang pêjah sabrêgada, lajêng mundur alêlumbungan. Bala ing Surabaya angêlud. Kumêndur mobat-mabit tandangipun, ênggènipun angabani angajêngakên. Nanging barisipun botên kenging kaajêngakên. [kaa...]

--- 616 ---

[...jêngakên.] Balanipun para bupati urunan wau sampun sami lumajêng rumiyin dhatêng ing kitha Surabaya, ki patih kalihan Tuwan Amral sarêng sumêrêp yèn kumêndur kaplajêng, enggal ambidhalakên barisipun sumêja têtulung, lajêng kêpêthuk campuh pêrang kalihan mêngsah, barisipun kumêndur sampun bênggang kalihan mêngsah, balanipun Surèngrana kalihan Murah Panji Balèlèng anuntên mundur dhatêng Wanakrama malih, ki patih sarta Amral sampun wangsul dhatêng ing kitha Surabaya.

Sarêng sadintên punika ugi Tuwan Amral asêksi dhatêng ki patih bab karisakanipun bala Kumpêni, amargi saking kumêndur ênggènipun angabên prang amuta tuli kemawon. Dados Kumpêni kathah ingkang sami pêjah sarta ki patih wau dipun têdhèni tôndha namanipun. Sabab Tuwan Amral badhe angaturi sêrat dhatêng ing Batawi amadulakên kalêpatanipun kumêndur, panyuwunipun Amral, kumêndur kakesahna saking pabarisan ing Surabaya, bilih panyuwunipun wau botên katurutan, Amral badhe mutung mantuk dhatêng nagari Wêlandi, sabab botên sagêd yèn têtunggilan padamêlan kalihan kumêndur. Ki patih inggih sampun anyukani tôndha tangan sarta cap. Amral lajêng kintun sêrat dhatêng ing Batawi, botên antawis lami angsal wangsulan, katarimah ing aturipun. Kumêndur katimbalan Pêrlos dhatêng ing Batawi. [Bata...]

--- 617 ---

[...wi.] Anuntên bêbantu saking Kartasura dhatêng wontên ing Surabaya, bupati ing Banyumas, ing Dhayaluhur, Pamrêdèn, ing Rema sabalanipun, têtindhihipun Ki Tumênggung Jayawinata sampun pinêrnahakên pakuwonipun.

Kacariyos srayanipun Pangeran Cakraningrat kang pêjah wontên ing kapal, samangke dhatêng wontên ing Madura, anjujug ing Tunjungan. Pangagêngipun anama Dewa Kêtut, ambêkta bala tiyang Bali sèwu, sarêng dumugi ing Tunjungan, Dewa Kêtut angsal pawartos yèn ingkang aminta sraya ing piyambakipun sampun pêjah wontên ing baita kapal. Dewa Kêtut sakalangkung ngungun, lajêng parentah dhatêng balanipun, kinèn ambêbahak nagari tuwin padhusunan ing Madura, bala ing Nungsakambangan inggih lajêng anjarah angrayah, têtiyang ing Madura kagegeran, sami lumajêng dhatêng Surabaya sumêja sami ngaturi uninga ing gustinipun.

Kala samantên pabarisan ing Surabaya pinuju kèndêl, botên wontên ingkang pêrangan. Dene laminipun bala Kumpêni sarta ki patih ênggènipun bêbarisan wontên ing Surabaya sampun sadasa wulan. Kala Sang Dipati Jayapuspita taksih wontên salêbêting kitha Surabaya pitung wulan. Sarêng sang dipati kèngsêr dhatêng [dha...]

--- 618 ---

[...têng] Wanakrama punika laminipun sampun pitung wulan, lajêng kèndêl botên pagut-pinagut.

Anuntên kacariyos tiyang ing Maduntên kang sami kaplajêng wau, sampun dumugi ing Surabaya, lajêng matur ing gustinipun wiwitan dumugi wêkasan. Pangeran Cakraningrat enggal angaturi uninga dhatêng ki patih sarta Amral. Dhawahipun ki patih, Pangeran Cakraningrat kinèn mantuk dhatêng Maduntên, angrêbata nagarinipun. Pangeran matur malih, sarèhning mêngsah tiyang Bali kang wontên ing Maduntên amung sakêdhik, ènthèng linawan ing pêrang, kula badhe anglampahakên adhi kula kemawon anama Radèn Cakranagara, kala alit nama Radèn Jimat. Kula piyambak prayogi wontên ing ngriki, sabab mêngsah awrat ing ngriki. Ki patih sarta Amral inggih amarêngi, Pangeran Cakraningrat lajêng parentah dhatêng Radèn Cakranagara, kinèn anggêbag mêngsah kang wontên ing Madura, binêktanan bala sèwu, Radèn Cakranagara sampun bidhal saking Surabaya, sarêng dumugi ing Tunjungan lajêng campuh pêrang rame, tiyang Madura tuwin tiyang Bali kathah kang sami pêjah, ing sakèndêling pêrang Radèn Cakranagara lajêng dipun bujuk dhatêng Dewa Kêtut. Radèn Cakranagara inggih sampun kenging kabujuk, kumpul kalihan Dewa Kêtut. Sakalangkung sinuba-suba, Radèn Cakranagara lajêng kaangkat nama Pangeran Cakraningrat, angêbrêki kitha

--- 619 ---

ing Madura, tiyang ing ngriku sampun sami suyud. Ingkang kadadosakên pêpatih nama Radèn Sewanagara, kala samantên sampun katur dhatêng Pangeran Cakraningrat kang wontên ing Surabaya, lajêng katur dhatêng Amral tuwin ki patih, yèn Radèn Cakranagara ambalik, kumpul kalihan tiyang ing Bali, sampun anama Pangeran Cakraningrat. Tuwan Amral kalihan ki patih tuwin para bupati sadaya lajêng sami pirêmbagan sumêja amungkasi ing pêrang salah satunggil. Ingkang pinanggihing rêmbagipun mêngsah ing Madura kêpanggih ing wingking, mêngsah kang wontên ing Wanakrama kang badhe kapungkasan rumiyin. Tuwan Amral nuntên amarentahi Mayor Gustap, kinèn anggêbag mêngsah ing Wanakrama, angirit Kumpêni kalih brêgada, sarta para bupati sabalanipun sadaya, Tuwan Amral kalihan ki patih botên tumut, kantun wontên ing kitha Surabaya sarta bala sawêtawis. Gêgamanipun tuwan mayor sampun bidhal saking ing ngriku, andalêdêg kados toya lèpèn banjir, kathahing bala tanpa wilangan. Bala Kumpêni kados mêndhung, kang minôngka calèrèt gêbyaring sanjata kasorotan ing raditya, busananipun bala Jawi awarni-warni kados sêkar sataman. Lampahing baris sampun dumugi ing Wanakrama. Wondene barisipun Sang Dipati Jayapuspita inggih sampun amapan sajawining [sajawi...]

--- 620 ---

[...ning] pabitingan sarta prajurit Bali, ingkang anindhihi Panji Surèngrana kalihan Panji Kartayuda, lajêng campuh pêrang rame, kathah kang sami pêjah, bêbathang anggêlasah, balanipun Sang Dipati Jayapuspita apês pêrangipun, sabab kumpul kalihan tiyang Bali, sanès kalihan kala dèrèng kumpul. Dhasar karoban tandhing, para mantri sarta para santananipun sang dipati kathah kang sami pêjah, balanipun Mayor Gustap amung sakêdhik kang sami pêjah, Sang Dipati Jayapuspita anjênêngi saking ing pabitingan. Sarêng aningali balanipun kathah kang sami pêjah, lajêng mêdal angajêngakên bala ing sakantunipun, nanging kados sêsulung malêbu ing gêni, balanipun sang dipati lajêng sami mundur dhatêng ing pabitingan, sarta kasaput ing dalu, barisipun tuwan mayor kèndêl sajawining bitinge sang dipati ragi têbih, sêjanipun tuwan mayor ing siyangipun malih badhe angrurah biting.

Sarêng ing wanci dalu Sang Dipati Jayapuspita ingaturan pirêmbagan dhatêng para santananipun. Sang dipati ingaturan kèngsêr dhatêng ing Japan. Papanipun wiyar cakêt lèpèn agêng, prayogi yèn kadamêla tata-tata sarta kaklêmpaka bala, sabab ing Wanakrama punika kasompokên. Sang dipati inggih miturut ing pirêmbag wau, lajêng angundhangi balanipun tuwin rêrepot kinèn sami pradandosan. Sarêng ing wanci bangun [ba...]

--- 621 ---

[...ngun] enjing sang dipati bidhal saking ing Wanakrama sabalanipun. Pandhe, sayang, tukang samak sapanunggilanipun botên kantun, tunggil rêrepot sami lumampah ing ngajêng, sang dipati lumampah ing wingking, kala samantên balanipun sang dipati antawis taksih pitung èwu, sabab salamènipun pêrang punika balanipun sang dipati botên wontên kang têluk satunggil-tunggila, lampahipun sang dipati wau yèn dipun sawang kados praja angalih panggenan. Tuwan mayor sarêng sumêrêp, yèn sang dipati oncat, lajêng ambujêng, sang dipati anadhahi sarwi lumampah, bilih Kumpêni amêlak balanipun sang dipati nolèh angandhêgi, Kumpêni nuntên wangsul angêbruki biting ing Wanakrama, lajêng mantuk dhatêng ing kitha Surabaya. Lampahipun sang dipati sampun dumugi ing Japan. Lajêng abêbiting sarta anyaèni prajuritipun.

Kala samantên Ki Patih Cakrajaya lajêng apirêmbagan kalihan Amral, prakawis mêngsah kang wontên ing Madura, ki patih lajêng amarentahi dhatêng Pangeran Cakraningrat kinèn angrêbat nagarinipun ing Madura, sarta kêkanthenan para bupati pasisir sawêtawis sabalanipun. Ingkang kadadosakên senapati Mayor Gustap, ambêkta Kumpêni sabrêgada, kapitanipun kêkalih, kang satunggil anama Kapitan Bèsing, kalih Kapitan [Kapita...]

--- 622 ---

[...n] Tonar, anuntên sami bidhal saking Surabaya, sarêng dumugi ing Madura lajêng campuh pêrang wontên ing Malaya, balanipun Pangeran Cakraningrat tuwin bala pasisir kathah kang pêjah dening tiyang Bali, nuntên tinulungan prajurit Kumpêni, tiyang Bali kathah kang pêjah, Dewa Kêtut sabalanipun lumajêng dhatêng kitha ing Tunjungan, Kumpêni sarta bala Madura anglud. Lajêng campuh pêrang rame, kathah kang sami pêjah, sarèhning tiyang ing Bali karoban lawan. Dewa Kêtut sabalanipun nuntên lumajêng ngalèr ngetan, lajêng numpak baita, sumêja mantuk dhatêng ing Bali, Radèn Cakranagara kalihan Radèn Sewanagara binêkta dhatêng ing Bali, tuwan mayor sakumpêninipun kathah ênggènipun angsal jarahan tuwin bêboyongan. Lajêng binêkta wangsul dhatêng Surabaya, Pangeran Cakraningrat taksih angantun wontên ing Madura anata nagarinipun. Ki patih sarta Amral lajêng anglampahakên utusan dhatêng ing Kartasura angaturakên bêboyongan saking Madura wau, sarta angaturakên putra garwanipun Pangeran Cakraningrat kang pêjah wontên ing kapal. Utusan inggih sampun lumampah, botên lami nuntên wangsul dhatêng ing Surabaya sarta ambêkta nuwala sakawan. Kang kêkalih kaparingakên dhatêng Radèn Suryawinata kalih Cakrawinata, kadadosakên bupati ing Surabaya, kang satunggil kaparingakên Ki Rôngga

--- 623 ---

Pramana, kadadosakên bupati ing Lamongan. Kang satunggilipun dhatêng pêpatih ing Jipang, kang anama Ki Sôngka, kaganjar nagri ing Jipang, kaparingan nama Tumênggung Mataun. Sabab Ki Sôngka punika panakawanipun sang prabu kala taksih kapugêran. Priyantun sakawan wau inggih sampun kamupakatakên ing para bupati sadaya.

Gêntos kacariyos Sang Dipati Jayapuspita ingkang wontên ing Japan sasêdhèrèkipun, sarta Murah Panji Balèlèng inggih wontên ing Jipang. Nanging pondhokipun têbih lan sang dipati, kala samantên Murah Paji adarbe panyuwun dhatêng sang dipati, ingkang rayi kêkalih, Panji Surèngrana kalih Panji Kartayuda, punika kabucala namanipun panji, bilih sang dipati botên anuruti panyuwunipun, Murah Panji Balèlèng sumêja mutung mantuk dhatêng ing Bali lan sabalanipun. Sang dipati inggih anuruti, ingkang rayi satunggil sampun kaêlih nama Dêmang Kartayuda, nanging Panji Surèngrana sang dipati botên purun yèn angêliha namanipun Panji, sabab patêdhanipun sang prabu kala wontên ing Samawis. Murah Panji inggih sampun narimah.

Anuntên sang dipati parentah dhatêng Dêmang Kartayuda, kinèn angirupi tanah môncanagari sawetaning rêdi Lawu sadaya, Dêmang Kartayuda inggih sampun lumaksana, ambêkta bala dhomas. Ing tanah môncanagari sampun [sa...]

--- 624 ---

[...mpun] nungkul sadaya dhatêng Dêmang Kartayuda, sarta sampun agêng barisipun apakumpulan ing Madiun. Dêmang Kartayuda lajêng amatah mantri kêkalih anama Ngabèi Tambakbaya kalih Wiratanu, kinanthenan tiyang ing Pranaragi, kinèn anêlukakên ing Kaduwang, ing Wiraka, Sêmbuyan tuwin ing Pacitan. Mantri kêkalih enggal bidhal. Ing tanah Kaduwang, Wiraka wau inggih sampun sami suyud. Ki Dêmang Kartayuda sabalanipun lajêng bidhal dhatêng ing Jagaraga, apacak baris wontên ing dhusun Kiping, cucuking pêrang abaris ing Kalimungkung, tiyang ing Sukawati sawetaning bênawi sampun sami nungkul sadaya, wontên kang sami ngili dhatêng ing Kartasura, têtiyang ing nagari Kartasura sami gègèr, sarta sampun katur ing sang prabu, yèn tiyang tanah môncanagari sami ambalik, tuwin tiyang ing Sukawati, Kaduwang, ing Laroh sampun sami nungkul dhatêng mêngsah, padhusunan kathah kang risak kajarah karayah.

Kala samantên sang nata pinuju susah galihipun, sabab putranipun kêkasih kang nama Pangeran Dipati Purbaya punika dados prakawis kalihan Kumpêni, sarèhning tiyang Kumpêni wau sami anggadhahi kuwatos dhatêng Pangeran Purbaya, dados agadhah panyuwun dhatêng sang prabu, gêgadhuhanipun Pangeran Purbaya tanah ing Banyumas, ing Dhayaluhur, ing Pamrêdèn, ing Rema, ing Bagêlèn, [Bagêlè...]

--- 625 ---

[...n,] punika sami dipundhuta tuwin mariyêmipun inggih kapundhuta, kori bêbutulan ing kadhaton kang dhatêng ing Purbayan kabuntua, supados sudaa kuwatosipun tiyang Kumpêni, mila sang prabu sangêt ênggènipun prihatos. Sabab punika putra kêkasih sarta andêling prang, kinalulutan ing para kadang sarta têtiyang sanagari ing Kartasura. Sarêng sang nata mirêng yèn mêngsah sampun angancik sawetaning bênawi, lajêng parentah dhatêng ingkang putra kêkalih kang anama Pangeran Dipati Balitar kalih Pangeran Dipanagara, Pangeran Balitar kinèn angundurna mêngsah kang wontên ing Kaduwang, kinanthenan bupati lêbêt sabalanipun sarta prajurit kaparak. Pangeran Dipanagara kinèn amêthukna mêngsah kang wontên ing Kiping, binêktanan tiyang Gowong, Kalang tuwin arahaning dhusun tanah Pajang, putra kêkalih sarêng ênggènipun bidhal. Sarêng lampahipun dumugi ing Samanggi, lajêng pêpisahan. Pangeran Balitar mangidul anjog ing Laroh, lajêng dhatêng ing Kaduwang, mêngsahipun botên amêthukakên pêrang, mundur dhatêng ing Pranaragi. Wondene Pangeran Dipanagara mangalèr, lajêng apacak baris wontên ing dhusun Garompol, ajêng-ajêngan kalihan mêngsahipun ing Mungkung, anuntên utusanipun sang prabu amatêdhani sêrat. Sampun tinampèn dhatêng Pangeran Dipanagara, ungêling ngalamatipun, [ngalamati...]

--- 626 ---

[...pun,] kulup Dipanagara, layang iki aja sira ungkabi, banjur wèhna dhewe marang kakangira Si Dipati Jayapuspita, ing kono besuk sira wacaa wong loro. Pangeran Dipanagara sasampunipun maos ngalamat, lajêng karaos ing galihipun, sabab kala rumiyin sampun dèn lêlèjêmi dhatêng ingkang rama, utawi kalanipun mangkat ngalurug punika inggih kadhawahan ambêktaa garwa putranipun. Dangu-dangu sang pangeran amupus ing galih, madêg suranipun sarta sêmu bingah, pangeran lajêng animbali ipenipun anama Radèn Wiradirja, kinèn amanggihamanggihi. Dêmang Kartayuda kang abaris ing Kiping, Wiradirja wau sampun dèn bisiki ingkang dados karsanipun sang pangeran. Radèn Wiradirja enggal mangkat dhatêng Kiping, sampun kêpanggih kalihan Dêmang Kartayuda, lajêng amratelakakên ing sawêwêlingipun Pangeran Dipanagara, Ki Dêmang Kartayuda sarêng mirêng sangêt bingah ing manahipun. Radèn Wiradirja sampun winangsulan lajêng kinèn mantuk. Sampun kêpanggih kalihan gustinipun, matur ing kawitan dumugi wêkasan. Ing sapêngkêripun Radèn Wiradirja Ki Dêmang Kartayuda lajêng bidhal saking Kiping sabalanipun. Sumêja mêthuk ing Pangeran Dipanagara, sarêng lampahipun cakêt kalihan barisan ing Garompol, lajêng anitir bêndhe sarwi surak-surak. Balanipun Pangeran Dipanagara gègèr, lajêng [la...]

--- 627 ---

[...jêng] sami atata baris. Pangeran ngandika sêru, bocahku kabèh, ajana obah, aku arêp andêlêng dhewe marang mungsuh iku. Pangeran lajêng anitih kuda, ingiring abdi pitu sami kêkapalan, anyandêr dhatêng panggenaning mêngsah, sampun kêpanggih kalihan Dêmang Kartayuda sarta sangêt suka ing kalih-kalihipun. Dêmang Kartayuda lajêng anuduh bupati ing Madiun, kinèn angrabasèng pabarisan ing Garompol. Bupati ing Madiun enggal marêpêki pabêbitingan. Pabarisanipun Pangeran Dipanagara gègèr, sami lumajêng ing sapurug-purug. Kantun para abdi tuwin garwa putranipun sang pangeran. Sampun sami pinondhongan dhatêng bupati ing Madiun. Pangeran Dipanagara kalihan Dêmang Kartayuda wau lajêng dhatêng ing Madiun. Ing dhusun Mungkung mriku taksih dipun dèkèki bêbarisan ing sawêtawis, têtindhihipun mantri kêkalih anama Rôngga Macanloka kalih Ki Kêbo Kabiri.

Sarêng Pangeran Dipanagara sampun dumugi ing kitha Madiun, Ki Dêmang Kartayuda lajêng anglampahakên utusan dhatêng ing Japan angaturi uninga ing sang dipati, yèn Pangeran Dipanagara sampun kumpul kalihan piyambakipun, sumêja kêpanggih kalihan sang dipati, utusan sampun lumampah dumugi ing Japan. Sang Dipati Jayapuspita sarêng anampèni pratelaning utusan [utusa...]

--- 628 ---

[...n] sakalangkung suka manahipun, enggal bidhal sabalanipun sumêja mêthuk ing pangeran. Murah Panji kang sawêg dhatêng ing Bali kathahipun sèwu, têtindhihipun anama Dewa Agung, inggih sami tumut mêthuk. Sarêng lampahipun dumugi antawis ing Kadhiri kalihan ing Japan, lajêng rêrêp amasanggrahan.

Wondene Pangeran Dipanagara kalihan Dêmang Kartayuda inggih sampun bidhal saking Madiun. Para garwanipun sami katilar wontên ing ngriku, lampahipun sampun kêpanggih kalihan Sang Dipati Jayapuspita, lajêng sami rêrangkulan, tuwin kalihan Murah Panji Balèlèng inggih sami bagèk-binagèkakên. Lajêng sami tata lênggah, sang dipati matur alon sarwi mèsêm. Ênggèr, kula botên nyana yèn kêpanggih kalihan sampeyan. Bingahipun manah kula upamènipun tiyang sakit, mèh dumugi ing antakanipun, anuntên waluya sadaya, sarawuh sampeyan punika kang minôngka usada. Pangeran mèsêm sarwi angulungakên sêrat bêbêktanipun. Sang dipati anampèni lajêng binuka, winaos gêntos kalihan sang pangeran, suraosipun, kulup Jayapuspita, ingsun amaringi kanthi marang sira, adhinira Si Dipanagara, sarta ingsun wis anglilani marang sira amêngkua ing tanah wiwit ing Gunung Lawu sapangetan ing Balambangan. Sira wêngkua wong loro, [lo...]

--- 629 ---

[...ro,] nanging aja kongsi nyorok sakuloning Gunung Lawu. Sêrat lajêng gêntos kawaos dhatêng Murah Panji Balèlèng utawi Dêmang Kartayuda sarta Surèngrana, sadaya sami suka manahipun. lajêng sami rêrêp wontên ing ngriku ngantos satêngah wulan.

Sarêng satunggiling dintên sang dipati angundhangi ing balanipun sadaya, kinèn sami anêksèni yèn Pangeran Dipanagara kaangkat jumênêng nata ajêjuluk Panêmbahan Hèrucakra Senapati ing Ngalaga Ngabdurrahman Sayidin Panatagama, amêngku tanah sawetaning Gunung Lawu sapangetan, mangidul mangalèripun tandhês sagantên. Sang Dipati Jayapuspita asalin nama Dipati Panatagama, Panji Surèngrana kaangkat nama Dipati Natapura, Dêmang Kartayuda kaangkat nama Dipati Sasranagara, Jaka Tangkêban kanamakakên Tumênggung Jangrana, panêmbahan wau sampun dèn aturi upacara kaprabon sarta bala pitung atus. Ingkang kawan atus tiyang Bali, ingkang tigang atus tiyang Surabaya, lajêng sami pirêmbagan bab pêrang, Sang Dipati Panatagama matur alon. Anggèr, sampeyan kula aturi ngadhaton ing Kadhiri eca atine kemawon. Dene prakawis ing pêrang angêmungna adhi kula kêkalih, tiga pun Jangrana. Panêmbahan amangsuli, kakang, kula botên purun angeca-eca, sumêja sêsinau supados sumêrêp [su...]

--- 630 ---

[...mêrêp] pratingkahing pêrang, amung pun kakang Dipati Sasranagara tumuta ing kula, kula damêl kanthi, dene tanah ingkang kula wêngku wiwit ing rêdi Lawu mangetan watês bênawi ing Kadhiri, wiwit bênawi ing Kadhiri sapangetan kula sumanggakakên pun kakang. Sang dipati inggih anyumanggakakên ing karsanipun panêmbahan. Lajêng sami bidhal pêpisahan. Panêmbahan sumêja dhatêng Madiun. Sang dipati wangsul dhatêng Japan, lajêng parentah dhatêng Ki Dipati Natapura kalih Ki Tumênggung Jangrana, kinèn banjêl ing pêrang dhatêng ing Surabaya. Ki Dipati Natapura kalih Ki Jangrana inggih enggal bidhal sabalanipun, abaris ing dhusun Sapanjang, ing sabên dintên tansah apêrang, gêntos lurug-linurugan kalihan bala ing Kartasura tuwin Kumpêni kang sami baris wontên ing Surabaya.

Wondene Panêmbahan Hèrucakra kalihan Dipati Sasranagara inggih sampun dumugi ing Madiun. Ing ngriku sampun agêng pabarisanipun. Dipati Sasranagara lajêng amupakatakên dhatêng tiyang ing pabarisan ngriku, yèn Pangeran Dipanagara sampun jumênêng nata, amêngku tanah sawetaning rêdi Lawu, angadhaton ing Madiun. Pamugarining pêrang Dipati Sasranagara.

Kala samantên Pangeran Dipati Balitar, kang abaris ing Kaduwang, sampun mirêng, pawartos yèn ingkang raka Pangeran Dipanagara ambalik, sampun jumênêng nata angadhaton [anga...]

--- 631 ---

[...dhaton] ing Madiun. Pangeran Balitar enggal utusan angaturi uninga ing sang prabu, sang nata sarêng sampun anampèni pratelaning utusan, sakalangkung gugup galihipun. Lajêng andhawahi bupati gêdhong sabalanipun, kinèn bantu dhatêng ing Kaduwang, dhawahipun sang nata Pangeran Balitar andikakakên ngangsêg dhatêng ing Pranaraga. Lampahipun bupati gêdhong wau sampun dumugi ing Kaduwang, Pangeran Balitar inggih lajêng bidhal sabalanipun sumêja ngangsêg dhatêng Pranaragi, pangajênging baris sampun dumugi ing dhusun Kandhêg, antawisipun ing Pranaragi kalihan Madiun. Ingkang dados andêlipun baris ing Kablitaran anama Ki Garwakôndha, kalih Sêcadirana, tiga Panji Tohpati. Wondene Panêmbahan Hèrucakra inggih sampun sumêrêp, yèn dipun lurugi, lajêng bidhal sabalanipun saking ing Madiun. Ingkang dados têtindhihing baris Dipati Sasranagara, anitih maesa bule sampun nate dinamêl pêrang, panêmbahan anjênêngi saking katêbihan kemawon, sabab sangêt lingsêmipun dhatêng ingkang rayi.

Baris ing Kablitaran kalihan baris ing Madiun lajêng campuh ing pêrang sakalangkung rame, kathah kang sami pêjah, bala ing Madiun nuntên kaplajêng, sabab pêrangipun rungak-rungak, bala ing Kablitaran dipun tindhihi gustinipun piyambak. [pi...]

--- 632 ---

[...yambak.] Milanipun sami kêndêl-kêndêl pêrangipun. Pangeran Balitar wau nuntên wangsul amasanggrahan ing kitha Pranaragi, baris ingkang dados pangajêng taksih wontên ing dhusun Kandhêg.

Anuntên wontên utusanipun sang prabu animbali Pangeran Balitar, sabab sang nata gêrah sangêt. Pangeran Balitar inggih nuntên bidhal sabalanipun agêgancangan, sampun dumugi ing Kartasura. Kala samantên sang nata gêrahipun sangsaya sangêt sarta sumêrêp yèn badhe dumugi ing jangji, puput panjênênganipun. Lajêng animbali Kapitan Wêlandi ingkang jagi ing Kartasura anama Kapitan Jaswa, inggih sampun dhatêng wontên ing kadhaton, alênggah cakêt. Sang nata angandika, kapitan, layang ingsun iki dikêbat kiriman marang ing Batawi, karo dene wêkas ingsun marang sira, yèn ingsun wis tinêkakake ing jangji, putraningsun Ki Dipati Anom sira gêntèkna marang ingsun, ing saupama Ki Dipati Anom ora nana, iya Si Dipati Purbaya sira adêgêna nata, ing saupama putraningsun loro mau ora nana, Si Adipati Balitar kang ingsun lilani gumantia ingsun jumênêng nata, yèn têlu pisan ana, iya putraningsun kang tuwa dhewe sira angkata jumênêng nata. Kapitan Jaswa matur sandika, lajêng mêdal anglampahakên sêrat enggal-enggalan. Sang nata anuntên animbali [animba...]

--- 633 ---

[...li] putranipun sarta ingkang rayi kêkalih, anama Pangeran Arya Mataram kalih Pangeran Arya Panular, sampun sami dhatêng angadhêp ing dagan. Pangeran kêkalih lajêng kaawe lênggah cakêt. Sang nata ngandika bêbisik. Adhi mas sakarone, wêkas ingsun marang sira, yèn ingsun wis tinêkakake ing jangji, kang ingsun lilani anggêntenana ingsun jumênêng nata amêngku ing tanah Jawa, putraningsun têtêlu iku ing salah sawiji, êndi kang pinarêng duwe bêgja kalilan dening Allah, siji Ki Adipati Anom, loro Ki Purbaya, têlu Si Dipati Balitar, yèn padha anane ya kang tuwa dhewe, sapa kang anggêntèni ingsun jumênêng nata angêmonga marang sadulure kabèh, lan sira dibisa angêmong marang anak-anakira kabèh. Ingkang rayi kêkalih matur sandika sarwi angusapi waspa. Sang nata angandika malih dhatêng Pangeran Dipati Anom kalihan Pangeran Purbaya, kulup sakarone, ingsun titipi adhinira Si Balitar, aja kongsi padha sira larakake atine, wis padha dibêcik kèria. Sang nata nuntên seda, swaraning tangis gumêrah, layon sampun siniraman sarta kasalatakên ing para khaji tuwin ngulama, lajêng binêkta kasarèkakên ing Magiri, sinêngkalan 1643.

Sapêngkêring layon Pangeran Dipati Anom lajêng angêbrêki [angê...]

--- 634 ---

[...brêki] ing kadhaton. Sarêng ing dintên Sênèn para bupati mantri sapangandhap tuwin para putra santana sampun sami pêpak sowan wontên ing pagêlaran, tuwin ki pangulu saprikancanipun para khaji ngulama inggih sampun sami sowan wontên ing pagêlaran. Anuntên Pangeran Dipati Anom miyos saking kadhaton, kêkanthèn asta kalihan Kapitan Jaswa, ginarêbêg ing para arum. Lajêng pinarak ing dhêdhampar gadhing wontên ing bangsal pangrawit, kapitan alênggah ing kiwanipun sang prabu, kapitan lajêng maos sêrat kang saking Batawi, sarêng sampun dumugi ing pamaosipun, Pangeran Arya Mataram lajêng ngadêg wontên ing wingkingipun sang prabu sarwi angandika sêru, hèh sarupane mantri bupati sapangisor kabèh, padha anêksenana, yèn anggèr Pangeran Dipati Anom anggêntèni ingkang rama jumênêng nata amêngku ing tanah Jawa, ajêjuluk Kangjêng Susuhunan Prabu Mangkurat Senapati ing Ngalaga Ngabdurrahman Saidin Panatagama, angadhaton ing Kartasura, bala ing Kartasura sami sumaur pêksi sadaya, kyai pangulu sapanunggilanipun sami andonga jumurung, bala Kumpêni sarta bala Jawi lajêng sami urmat angungêlakên mariyêm tuwin sanjata ambal-ambalan. Para santana bupati mantri lajêng ngujung ing sukunipun sang prabu, sang nata anuntên kondur angadhaton. Wondene parentahipun [pa...]

--- 635 ---

[...rentahipun] sang prabu punika inggih botên ewah, taksih kados ingkang rama swargi, utawi yèn pinuju ing dintên Sênèn Kêmis sarta Sêtu sang nata inggih miyos. Kala samantên sang nata utusan amatêdhani sêrat dhatêng Ki Patih Cakrajaya kang wontên ing Surabaya, aparing pariksa yèn ingkang rama seda, sariranipun kang anggêntosi jumênêng nata, Ki Patih Cakrajaya kadhawahan têtêpa baris wontên ing Surabaya, sampun ngantos mantuk yèn dèrèng sampurna pêrangipun. Utusan wau inggih enggal mangkat saking Kartasura. Sang prabu lajêng anjunjung Ki Kartanagara kadadosakên pêpatih lêbêt, minôngka sisihipun Ki Patih Cakrajaya. Ki Martadipa kadadosakên bupati gêdhong, kaparingan nama Tumênggung Mangunnagara.

Carik Bajra kaparingan nama Tumênggung Tirtawiguna. Santananipun sang prabu saking ing Matawis, putranipun Pangeran Pringgalaya Matawis, anama Radèn Natawijaya, kadadosakên panewu pamijèn, kaparentah sang nata piyambak. Ki Tumênggung Sumabrata pêjah, anakipun jalêr kadadosakên mantri, anama Ngabèi Kartinala.

Kala samantên ingkang rayi sang prabu kêkalih, ingkang nama Pangeran Dipati Purbaya kalih Pangeran Dipati Balitar, sami kapundhut upacaraning pangeran dipati, kataksihakên [kataksih...]

--- 636 ---

[...akên] upacara kasantanan kemawon. Sarta gêgadhuhanipun prajurit jagasura tuwin gêgadhuhanipun nagari ing Balora inggih sami kapundhut ing sang prabu, Pangeran Dipati Balitar sangêt sakit ing galihipun, kawêwahan wontên ingkang ambêbangus, abdinipun kang nama Ki Garwakôndha, punika kang angadon- adoni awon. Pangeran Balitar kapurih angrêbata karaton ing Kartasura, mila Ki Garwakôndha wau makatên. Sabab anakipun jalêr kang nama Ragum kinunjara ing sang prabu, dosanipun angrêsahi ing kadhaton. Pangeran Balitar lajêng anggêgabah bala sarta kaklêmpak gêgamaning pêrang, balanipun wêtawis sèwu gangsal atus, winêlêg ing dana buja.

Ing wanci dalu Pangeran Balitar angaturi ingkang paman Pangeran Arya Mataram. Inggih sampun dhatêng pinanggihan ing dalêm. Pangeran Balitar alon matur, paman, mila sampeyan kula aturi, kadospundi awak kula punika, dene tansah asakit manah kula, putra jêngandika ki lurah punika sangêt têmên ênggènipun siya-siya dhatêng kula, botên angestokakên wêwêlingipun kangjêng rama swargi, wondene kula saèstunipun inggih badhe supe ing sadhèrèk sêpuh, kula sumêja angrêbat karaton ing Kartasura. Pangeran Arya Mataram têbah jaja sarta amangsuli. Anggèr, [Ang...]

--- 637 ---

[...gèr,] makatên punika botên prayogi, sabab sadulur sêpuh punika gêgêntosing bapa dhasar dados nata, wajib tinurut ing saparentahipun. Sarèhning kula punika tiyang gêrang, pantês yèn dadosa pêpalang, tiyang gaplok dados pêpathok. Yèn kenging kula aturi sampeyan sampun ngantos adamêl rêngkaning nagari, ing tanah Jawi prayogi kadamêla kamuktèn lan sasêdhèrèk sampeyan. Amêsthi agêng barêkahipun. Sampun ngantos wontên kang boncèngbèncèng. pikir, punapa malih raka jêngandika Pangeran Dipanagara kang sampun balela punika inggih prayogi kaaturana kondur dhatêng Kartasura, atuta lan para sadhèrèkipun. Dados nagarinipun kêrta, tiyang alit eca manahipun. Pangeran Balitar angandika malih, paman, pangandika sampeyan punika inggih lêrês. Yèn kakang prabu botênabotên. adamêl sakiting manah kula, sarèhning sangêt ênggènipun asiya-siya, yêkti singa tiwasa arêbat kamuktèn. Dene sampeyan piyambak kêdah anglêrêsakên kakang prabu, inggih sakarsa sampeyan, sampeyan môngsa ngilonana kula, sabab kula tiyang dama mêskin. Amêsthi sampeyan angiloni putra jêngandika ki lurah, ingkang sagêd amêmunjung sarta amuktèkakên ing tiyang sêpuh. Pangeran Arya MatasamMataram. sumaur sarwi bêngis. Ah ênggih êmpun punapa

--- 638 ---

ing sakarsa dika, sarèhning kula puniki tiyang sêpuh, inggih amêmalangi ing karsa sampeyan ingkang botên pantês. Bilih botên kenging inggih sumôngga, tiyang bêgja utawi cilaka badhe sampeyan lampahi piyambak. Nanging wêling kula sampeyan atêtarosana dhatêng raka jêngandika Pangeran Dipati Purbaya, sabab punika sadhèrèk sampeyan sêpuh, kuwawi yèn amitulungana dhatêng sampeyan. Dhasar sugih bala digdaya ing pêrang, kinalulutan ing tiyang sanagari. Pangeran Balitar amangsuli, inggih paman, kula môngsa angungkurna ing sabarang prakawis dhatêng kangmas Purbaya. Pangeran kêkalih wau lajêng sami dhatêng ing Purbayan. Sadhatêngipun ing ngriku lajêng amratelakakên ingkang badhe dados kaniyatanipun Pangeran Balitar, Pangeran Purbaya sarêng mirêng sangêt kewran ing galihipun. Agêrêng-gêrêng sarwi angusap jaja, sangêt wêlas dhatêng ingkang rayi Pangeran Balitar, sabab ingkang rama swargi awantos-wantos ênggènipun anitipakên Pangeran Balitar, sampun ngantos sakit manahipun. Nanging Pangeran Purbaya wau sangêt ing trêsnanipun dhatêng ingkang raka sang prabu, pangeran anuntên ngandika piyambak. Yèn dakpikir- pikir, luput ing sakaro-karone, kakang prabu kurang pangêmonge marang adhine, Si Balitar iki kurang panarimane. Pangeran Balitar matur dhatêng Pangeran Arya

--- 639 ---

Mantaram. Paman, kalanipun upacara kula kapundhut, botên dados sakipun manah kula, nanging sarêng gêgadhuhan kula siti dhusun sami dipun dhadhali, punika sangêt sakiting manah kula, sabab andadosakên kêkirangan ingkang kula têdha ing saanak bojo kula sarta rencang kula sadaya. Ênggènipun pirêmbagan anuntên sami bibar, mantuk ing dalêmipun piyambak. Pangeran Balitar wau inggih botên sagêd ical sakiting galihipun, sarta botên kêndhat ênggènipun tata-tata gêgamaning prang.

Gêntos kacariyos Panêmbahan Hèrucakra ingkang jumênêng wontên ing Madiun. Sampun mirêng pawartos yèn ingkang rama seda, ingkang anggêntosi jumênêng nata Pangeran Dipati Anom. Panêmbahan anuntên bidhal sabalanipun, sumêja ngêndhih karaton ing Kartasura, sarêng dumugi sakilèning rêdi Lawu, lajêng apacak baris wontên ing dhusun Pandonan tanah Sukawati, lajêng adamêl alun-alun sarta kadhaton, angimba ing Kartasura.

Kacariyos malih Pangeran Balitar, sarêng sampun kathah balanipun sarta pirantos sagêgamanipun, pangeran lajêng utusan dhatêng loji amratelakakên ingkang badhe dados karsanipun sarta anodhi kêkêncênganipun Kapitan Jaswa tuwin Kumpêni ingkang sami jagi ing Kartasura [Karta...]

--- 640 ---

[...sura] ngriku, wangsulanipun kapitan mandhêg têngah, kongkonan, kowe matura marang gustimu, mungguh kang bakal dadi karsane iku wong Kumpêni ora milu, sabab wong rêbut nagara padha sadulure dhewe, dene wong Kumpêni ênggone ana ing tanah Jawa iki suwita golèk kauntungan. Sapa kang unggul dakpanggul, sapa kang kalah aku amêsthi anjarah, sapa kang ana ing kadhaton iya iku gustiku, yèn upama Pangeran Balitar iku amêmungsuhana lan wong liyane, amêsthi ya dakrojongi sarta dakpitulungi ing pêrang, krana iku sadulure sang prabu gustine wong Kumpêni, sarèhning Pangeran Balitar sumêja mêmungsuhan karo sadulure dhewe, dadi aku sarta Kumpêni kabèh ora gêlêm munasika, wis, matura mêngkono bae. Utusan wau inggih sampun wangsul matur ing gustinipun. Pangeran Balitar mirêng aturing utusan sakalangkung suka galihipun.

Kala samantên Pangeran Balitar sampun gilig ing rêmbag. Sabiyantu sarêng pêjah kalihan abdinipun para santri sarta khaji, kathahing balanipun wêtawis kalih bêlah èwu, lajêng sami pradandosan. Sarêng sampun sami samakta lajêng bidhal ing wanci bêdhug tiga, ingkang anindhihi baris ing ngajêng Ki Garwakôndha, kalih Sêcadirana, tiga Panji Tohpati, sakawan Kartabôngsa, pangeran [pange...]

--- 641 ---

[...ran] wontên ing wingking, lampahing baris mêdal sakidulipun masjid agêng, anjog ing alun-alun. Tiyang Kablitaran sami kibir amêsthèkakên, yèn ing Kartasura badhe bêdhah, Ki Garwakôndha anjujug ing pakunjaran sakilèning sitinggil. Mantri ingkang rumêksa ing ngriku satunggil tinumbak sampun pêjah, kancanipun sami lumajêng dhatêng ing kadhaton. Bala ing Kablitaran sami surak sarwi ambibrah pakunjaran. Anakipun Ki Garwakôndha kang nama Ragum sampun kawêdalakên. Tiyang salêbêting kadhaton sami gègèr abilulungan. Bala ing Kartasura kang sami kêmit lajêng sami baris sangajêngipun kori kêmandhungan. Tumênggung kang kêmit anama Mangunnagara lumajêng dhatêng loji, asuka uninga dhatêng Kapitan Jaswa, sarta animbali prajurit Kumpêni, kapitan inggih sakalangkung gugup manahipun. Enggal anglampahakên prajurit Wêlandi kathahipun kalih Kumpêni, sampun dumugi ing kori gapit. Lajêng angarutug ing sanjata, bala ing Kablitaran sumêja ngamuk. Nanging kasangsang ing mimis kathah, Ki Sêcadirana kalih Panji Tohpati sampun sami pêjah, tiyang Kumpêni bantunipun saking loji dhatêng malih sarta ambêkta maryêm. Pangeran Balitar sumêja kiwul anêrêgakên bala, nanging katulak dêrêsing mimis. Anuntên mundur lon-lonan wanci byar. Sumêja lajêng dhatêng ing

--- 642 ---

Kapurbayan.

Kacariyos ibunipun Pangeran Balitar, inggih ibunipun sang prabu utawi Pangeran Purbaya anama Ratu Pakubuwana, sangêt ênggènipun kontrang-kantring, sêsambat sang prabu ingkang sampun seda, sêsambatipun botên sagêd rumêksa ing para putranipun, sami suwala apêpêrangan sami saduluripun. Ratu Pakubuwana wau lajêng minggah dhatêng ing rêdi salêbêting kadhaton anama rêdi Kunci, dêdamêlanipun Sinuhun Mangkurat swargi, Ratu Pakubuwana ngandika sêru dhatêng Pangeran Balitar, kulup, dikêbat angungsia marang kakangira Si Purbaya, wong Kumpêni ora amburu marang sira, isih baris ana ing sitinggil anata mariyêm. Wondene palajêngipun bala Kablitaran wau sampun dumugi ing Purbayan. Pangeran Balitar lajêng lumêbêt piyambak, balanipun adhêdhêmadhêdhêmitan.

Ing enjing punika Pangeran Dipati Purbaya dèrèng wungu, nanging kagèt mirêng swara gumêrah sajawining dalêmipun. Pangeran wungu lajêng mêdal kuthetheran. Sarêng dumugi ing pandhapi, Pangeran Balitar enggal mêthukakên. Pangeran Purbaya anjêgrêg. Dangu botên sagêd angandika, lathinipun kados kinunci, sabab sangêt ênggènipun gêtun sarta wêlas dhatêng ingkang rayi, nanging sangêt trêsnanipun dhatêng ingkang raka sang prabu, dados Pangeran [Pangera...]

--- 643 ---

[...n] Purbaya wau sakalangkung kewran ing galihipun. Tumuntên nyêbut sarta angunjal napas. Alon ênggènipun ngandika, adhi mas, wis aja nangis, ya aku ingkang anglabuhi marang kowe, têlungane kakang prabu, sabab wis mukti, nanging ayo padha lunga marang ing Mataram, atata-tata ana ing kono, rasaning atiku yèn aku wis ana ing Mataram, kaya-kaya bala ing Kartasura pêparon malah akèh kang padha nusul milu ing aku. Pangeran Purbaya lajêng angundhangi bala tuwin putra garwanipun, kinèn sami pradangdosan. Karsanipun pangeran badhe bidhal ing sakala ugi, wondene putranipun sang prabu pambajêng saking garwa sêlir, ingkang kapêndhêt putra dhatêng Pangeran Purbaya, anama Pangeran Riya, sampun kakramèkakên angsal putranipun èstri Pangeran Balitar, punika inggih tumut botên purun kantun. Sabab sampun sangêt trêsnanipun dhatêng ingkang rama Pangeran Purbaya. Pangeran Purbaya wau sarêng sampun ênggènipun pradangdosan, lajêng bidhal saputragarwanipun tuwin abdi jalêr èstri, garwa putranipun Pangeran Balitar inggih botên wontên ingkang kantun. Lampahipun mêdal sakiduling kadhaton. Pangeran Purbaya lajêng anuduh ing bala sawêtawis, kinèn ambêsmèni pasowan kidul. Bala ingkang sami kadhawahan inggih enggal tumandang, [tuma...]

--- 644 ---

[...ndang,] ambêsmèni pasowan sarta amadungi korining kadhaton. Prajurit kaparak kang sami baris ing kori ngriku botên purun anglawan, sami nungkul sadaya, anuntên bala Kumpêni dhatêng angarutug ing sanjata, bala Kapurbayan lajêng sami mundur lon-lonan, anututi gustinipun. Lampahipun pangeran kêkalih wau sampun dumugi ing Drêsanan, arêrêp sadalu, anuntên wontên abdinipun Pangeran Purbaya satunggil, tilas bupati ing Pathi, anama Mangunonêng, anyuwun pamit dhatêng ing Pathi, sumêja kaklêmpak bala, Pangeran Purbaya inggih anglilani, Ki Mangunonêng lajêng mangkat mangalèr. Pangeran kêkalih sarêng enjing tumuntên bidhal saking ngriku, lampahipun sampun dumugi ing Matawis, anjujugi kutha Karta, tilas badhe kadhatonipun Kangjêng Sultan Agung swargi, nanging dèrèng ngantos kabanon, Kangjêng Sultan Agung kasêlak seda, ing kutha Karta wau lajêng dipun ênggèni dhatêng pangeran kêkalih, kabêthekan kareka kadhaton sarta kaêlih nama nagari ing Kartasari, têtiyang ing tanah Matawis sampun sami suyud. Ing Kartasari sampun agêng bêbarisanipun. Pangeran Purbaya nuntên anglêmpakakên para tapa tuwin para ngulama para khaji sawontênipun nagari ing Matawis. Punapadene Kyai Wanagiri pradikan ing tanah Matawis inggih sampun ngalêmpak [ngalêmpa...]

--- 645 ---

[...k] wontên ing ngriku, sarêng satunggiling dintên pangeran kêkalih wau miyos sineba ing balanipun. Para khaji sapanunggilanipun inggih sampun sami sowan. Pangeran Purbaya ngandika sêru, sarupaning wong kang padha seba iki kabèh anêksenana, yèn adhi mas Pangeran Dipati Balitar ingsun junjung jumênêng nata, angadhaton ing Kartasari, ajêjuluk Sultan Ibnu Mustapa Pakubuwana Senapati ing Ngalaga Ngabdurrahman Sayidin Panatagama. Para abdi sami saur pêksi tuwin para khaji inggih lajêng sami donga jumurung, Pangeran Purbaya enggal anarik astanipun ingkang rayi kalênggahakên ing dhêdhampar gadhing, Pangeran Purbaya lênggah ing kursi wontên ing têngênipun sarwi undhang malih, yèn sariranipun anama Panêmbahan Senapatining Prang. Pangeran Riya kaangkat nama Pangeran Dipati Anom Amêngkunagara, Ki Garwakôndha kadadosakên pêpatih anama Tumênggung Jayabrata, Ki Wôngsadirja kaangkat nama Tumênggung Wiranagara, Bôngsapatra nama Dipati Lumarap. Ki Mas Gêrit anama Tumênggung Sindurêja, sadaya abdi Kablitaran tuwin abdi Kapurbayan sampun sami jinunjung lênggah sapangkat-pangkat. Kyai Wanagiri kadamêl kamisêpuh, kaanggêp ing saaturipun.

Panêmbahan nuntên parentah angêlar jajahan. Ki Tumênggung [Tu...]

--- 646 ---

[...mênggung] Sindurêja kinèn anêlukakên têtiyang ing Kêdhu, Ki Tumênggung Martasura dhatêng ing Toyamas saurutipun. Tumênggung kêkalih wau inggih sampun lumampah, ingkang sami katêlukakên sampun suyud sadaya. Dene ingkang katuduh dhatêng ing tanah Pajang Ki Dipati Lumarap. Lajêng abêbiting wontên ing Drêsanan. Têtiyang ing tanah Pajang utawi tiyang padhusunan sakiwatêngêning nagari Kartasura sampun kathah kang sami nungkul. Ki Dipati Lumarap wau sampun agêng bêbarisanipun.

Kala samantên bala Kartasura, para bupati mantri tuwin tiyang alit kathah kang sami kesah tilar bale griyanipun, sami nusul dhatêng ing Matawis suwita Panêmbahan Purbaya, dados nagari ing Kartasura katingal suwêng, balanipun sang prabu amung kantun bêbêktan saking kadipatèn, lajêng sami jinunjung ing lênggahipun. Wontên kang kadadosakên bupati, sawênèh dados mantri, Ki Tumênggung Kartanagara kaêlih nama Dipati Mangkupraja, lajêng kinèn baris sakidul nagari Kartasura. Putranipun Pangeran Arya Panular kang anama Radèn Suradiningrat kadadosakên ing senapati, angêrig têtiyang sawetaning rêdi Marapi, lajêng apacak baris wontên ing dhusun Sêlap. Ing Kartasura wontên sudagar satunggil anama Pranasuta, sugih rajabrana sarta sugih

--- 647 ---

tiyang têtumbasan, sami binalônja cara Kumpêni, Ki Pranasuta wau sampun kajunjung nama Tumênggung Subrata, ing sabên dintên kinèn anglarag dhatêng padhusunan angupados têtêdhan, uwos pantun sapanunggilanipun. Sabab ing salêbêtipun nagari Kartasura sangêt ênggènipun awis têdha, tiyangipun kathah kang sami kesah, nanging bala Kumpêni saking ing Samawis sami dhatêng andalêdêg kathahipun ewon, arumêksa ing sang prabu, sami kaprênahakên wontên ing pasowan ngalun-alun. Pangagêngipun kapondhokakên ing bangsal sakiwatêngêning pagêlaran. Ing alun-alun Kartasura kêbêk bala Kumpêni jinisipun warni- warni.

Anuntên sang nata anglampahakên utusan dhatêng Surabaya sarta mawi sêrat amaringi pariksa sarta animbali ing Tuwan Amral kalihan Ki Patih Cakrajaya sakancanipun bupati, utusan enggal mangkat, sampun dumugi ing Surabaya, Amral kalihan ki patih sarêng sampun sami maos sêrat sakalangkung ngungun. Botên anyana para pangeran sami rêbat singgih, têmah dados risake nagarinipun. Amral kalihan ki patih nuntên amatah Kumpêni sabrêgada, kinèn têtêp baris wontên ing Surabaya, kinanthenan bupati ing Madura kalihan Tuban, Sidayu, ing Garêsik, Nglamongan, sarta Ki Ngabèi Tohjaya, têtindhihipun tiyang Kumpêni [Kumpê...]

--- 648 ---

[...ni] anama Kapitan Bèsing, aliya saking punika kabêkta dhatêng ing Kartasura sadaya, Amral kalihan ki patih sarta para bupati sabalanipun anuntên bidhal.

Kacariyos wontên tiyang têtilasan bupati ing Kudus anama Pangeran Kudus, adhêdhêkah siti ing Dêmak anama dhusun ing Pôncawati, inggih lajêng nama Pangeran Pôncawati, punika angraman sampun ambêdhah ing Dêmak. Bupatinipun ing Dêmak wontên ing Surabaya, têtiyang ing Dêmak sami suyud sadaya, sami ajrih amêthukakên pêrang, sabab Pangeran Pôncawati wau gadhah pangabaran.

Sarêng Tuwan Amral kamirêngan yèn ing Dêmak wontên kraman, anuntên bupati ing Dêmak kêkalih kinèn enggal angrumiyini, bupati kêkalih wau inggih enggal angrumiyini sabalanipun sarta sangêt ing nêpsunipun. Sabab ênggènipun baris wontên ing Surabaya sampun lami, sarêng mantuk amanggih mêngsah, lampahipun anggêrgut. Pangeran Pôncawati inggih sampun ingaturan uninga dhatêng balanipun. Yèn mêngsahipun dhatêng, Kumpêni sarta Jawi, Pangeran Pôncawati lajêng amaringi isarat dhatêng balanipun, supados lêpata ing mimis. Pangandikanipun, sira kabèh ajana wêdi aprang karo wong Walônda, amêsthi mimise padha piyak. Sabab wis ingsun sêsarati. Balanipun [Balanipu...]

--- 649 ---

[...n] inggih sami pitados. Lajêng sami baris wontên ing alun-alun kathahipun sèwu, sami rasukan pêthak sadaya, têtindhihipun putranipun jalêr kêkalih anama Sumadipura kalih Suradipura, lajêng têmpuh prang rame kalihan barisipun Tumênggung Dêmak. Nuntên kabubuh Kumpêni dhatêng, angarutug ing sanjata, bala ing Pôncawati kathah kang pêjah tuwin kataton Sumadipura kalih Suradipura sampun sami pêjah, Pangeran Pôncawati badhe ngamuk, kasêlak kadhawahan mimis. Baunipun ingkang kiwa sêmpal. Lajêng binayang para santananipun kabêkta dhatêng ing surambi, nuntên sami katilar lumajêng, balanipun ingkang taksih sami gêsang sampun larud sadaya. Tuwan Amral enggal amurugi dhatêng surambi, lajêng wicantên dhatêng pangeran. Kowe mau dadi raja amêngku ing tanah Jawa, yagene baumu sêmpal. Pangeran Pôncawati nangis sarta gêladrahan. Amral sakalangkung suka sarta wicantên malih, iki aku awèh tômba prêmati, supaya kowe tumulia jumênêng raja. Pangeran lajêng pinêdhang dhatêng Amral, gulunipun tugêl bêtdhêl. sampun pêjah. Amral sakumpêninipun sarta para bupati sadaya asipêng sadalu wontên ing ngriku, enjingipun bidhal dhatêng ing Samawis.

Wondene ingkang dados pangagêng Kumpêni ing Samawis [Sama...]

--- 650 ---

[...wis] anama Komasaris Dulkup. Sakalangkung ênggènipun angurmati sarta anyuba-nyuba dhatêng ki patih tuwin para bupati sadaya.

Gêntos kacariyos Ki Mangunonêng abdinipun Panêmbahan Purbaya, ingkang anyuwun pamit kalanipun wontên ing Drêsanan, sumêja angupados sarta akêklêmpak bala dhatêng ing Pathi, Ki Mangunonêng wau samangke inggih sampun kathah balanipun sarta sampun ambêdhah nagari ing Pathi, nanging Ki Mangunonêng supe ing ubayanipun dhatêng Panêmbahan Purbaya, sabab sumêrêp badhe ing kadadosanipun. Ki Mangunonêng wau lajêng nungkul dhatêng Ki Patih Cakrajaya tuwin dhatêng Kumpêni, inggih sampun katarimah ing panungkulipun sarta katêtêpakên dados bupati ing Pathi.

Kacariyos Pangeran Arya Mataram alolos saking nagari Kartasura, sumêja madêg nata wontên ing Pathi, lampahipun dumugi ing Garobogan. Bupatinipun nungkul kemawon. Pangeran Arya Mataram lajêng apacak baris wontên ing ngriku sarta anêlukakên nagari sakiwatêngênipun. Kala samantên ing tanah môncanagari sakalangkung rêsah, sami bahak-binahak, bêdhah-binêdhah, sabab botên kantênan ing pangadhêpanipun.pangidhêpipun. Wontên kang tumut Panêmbahan Hèrucakra, wontên kang têluk dhatêng Kumpêni ing Surabaya, wontên kang

- -- 651 ---

tumut Pangeran Arya Mataram. Sawêg tumut mriku lajêng katêlukakên mriki, têtiyang alit sakalangkung bingungipun ing wêktu punika.

Anuntên sang nata utusan amatêdhani sêrat dhatêng komasaris ing Samawis. Ungêling sêrat animbali Tuwan Amral sakumpêninipun, badhe andikakakên ngalurug dhatêng ing Matawis. Kaping kalihipun tuwan komasaris kadhawahan anggêdhong Ki Patih Cakrajaya, dosanipun katêrka angubungiangububi. dhatêng Pangeran Purbaya sarta Pangeran Balitar. Tuwan komasaris sarêng sampun amaos sêrat, sakalangkung ngungun. Ki Patih Cakrajaya lajêng kaêrès kalêbêtakên ing gêdhong, Tuwan Amral nuntên amurugi dhatêng gêdhongan, angrangkul dhatêng ki patih sarta brêbês mili, sabab sangêt ing trêsnanipun. Kalanipun wontên ing Surabaya rintên dalu tuwin yèn pêrang botên pisah kalihan ki patih, Tuwan Amral alon ênggènipun wicantên. Saudara, sampun kuwatos galih sampeyan. Yèn dhasar sampeyan têmên-têmên ênggèn sampeyan rumêksa ing nagari, amêsthi Gusti Allah angganjar wilujêng, krana sampeyan botên gadhah dosa dhatêng sang prabu, sarèhning kula sumêrêp prayogining panganggêp sampeyan dhatêng Kumpêni tuwin dhatêng sawarnining abdinipun sang prabu, ing benjing samangsanipun kula kêpanggih kalihan sang

--- 652 ---

nata, badhe amratelakakên awon sae sampeyan sarta ananggêl. Ki patih amangsuli, tuwan, sangêt tarima kasih kula ing katrêsnan sampeyan dhatêng kula, sampeyan sampun ngantos enggal-enggal matur dhatêng sang nata, bokmanawi amêmungu duka, kalih dene bilih katêrka kula anyênyambat dhatêng sampeyan, dados kawastanan ajrih ing pêjah, kirang pangandêl kula dhatêng ing Allah tuwin dhatêng sang prabu. Tuwan Amral wicantên malih, inggih saudara, kintên-kintên punika wontên ing kula, nanging panêdha kula sampeyan kemawon sampun ngantos sangêt susah. Tuwan Amral nuntên mêdal apradangdosan. Sarêng sampun mirantos lajêng bidhal sarta ambêkta Kumpêni awarni-warni, pinêthuk dhatêng Ki Dipati Mangkupraja wontên ing Toyadana, lajêng kairit kêpanggih kalihan sang prabu, sampun pinêrnahakên sarta sinêgahan. Sang nata sangêt ênggènipun anyuba-nyuba dhatêng Amral.

Gêntos kacariyos Panêmbahan Purbaya ing Matawis anglampahakên utusan dhatêng ing Sukawati angaturi ingkang raka Panêmbahan Herucakra kaaturan kumpul wontên ing Matawis. Nanging wangsulanipun Panêmbahan Hèrucakra, anyanggi krami, sabab rumaos sampun rosa sugih bala piyambak. Ênggènipun angaturi wau ngantos kaping tiga, inggih tansah nyanggi [nyang...]

--- 653 ---

[...gi] krami kemawon. Panêmbahan Purbaya kakên galihipun. Lajêng utusan amaringi sêrat dhatêng Sang Dipati Jayapuspita ing Japan. Suraosipun, amaringi uninga, yèn Panêmbahan Purbaya kalihan Pangeran Balitar sampun lolos saking ing Kartasura jumênêng wontên ing Matawis. Kaping kalih Sang Dipati Jayapuspita kadhawahan angrisaka dhatêng Panêmbahan Hèrucakra, sabab kaaturan kumpul dhatêng ing Matawis botên purun. Utusan inggih enggal mangkat sampun dumugi ing Japan. Wondene Sang Dipati Jayapuspita sarêng sampun maos sêrat saking ing Matawis sakalangkung ngungun. Ing wusana sangêt bingah, sabab sangêt asihipun dhatêng Panêmbahan Purbaya, sang dipati nuntên amaringi sêrat dhatêng ingkang rayi ingkang nama Dipati Sasranagara, kang dados andêl-andêlipun Panêmbahan Hèrucakra, kang sawêg baris wontên ing dhusun ing Pandonan tanah Sukawati, ungêling sêrat, kinèn angoyak dhatêng Panêmbahan Hèrucakra saking parentahipun Panêmbahan Purbaya. Dipati Sasranagara sarêng sampun anampèni parentah saking ingkang raka, nuntên sawarninipun bala môncanagari sami dipun undhangi dhêdhêmitan. Utawi prajuritipun panêmbahan kang saking Surabaya sarta têtiyang Bali inggih sampun sami jiniwitan. Dipun jak anilar ing panêmbahan, [panêmbah...]

--- 654 ---

[...an,] angumpul ing panggenan sanès ing wanci dalu nuntên sami bidhal kêbut sarêng sadalu, ingkang taksih kantun amung abdinipun bêbêktan saking Kartasura ing sawatawis. Panêmbahan sarêng sumêrêp sakalangkung gêtun sarta ajrih, sarêng wanci enjing Sang Dipati Sasranagara sabalanipun dhatêng, gumuruh sami surak sarta anitir bêndhe, sami anyakêti biting, panêmbahan sangêt gugup. Enggal anyandhak jêmparing mêdal dhatêng korining biting sarwi ngandika sêru dhatêng Dipati Sasra saking katêbihan. Sasranagara, kowe apa bakal lali marang aku, elinga. Dipati Sasranagara sarêng mirêng nuntên mudhun saking kapal, angadêg nyêmbah sarwi amangsuli sêru, anggèr, kula punika drêmi anglampahi parentahipun rayi sampeyan Panêmbahan Purbaya ing Kartasari, rèhning sampeyan bôngga ing parentahipun, kula kinèn anyampuni dhatêng sampeyan. Dipati Sasranagara lajêng majêng sarwi ngêmbat waos. Panêmbahan enggal nitih kapal lumajêng kalihan garwa putranipun sarta abdi sawêtawis pating pucècèr, sêliripun pitu kantun sadaya, Dipati Sasranagara sabalanipun anjarahi saisining pabitingan. Sêlir pêpitu wau sampun kapêndhêt dhatêng Dipati Sasranagara, kadamêl sakajêng-kajêng. Sarêng antawis tigang dintên, Ki Dipati Sasranagara kalananganipun mêtung sapupu sarta risak. Anangis [Ana...]

--- 655 ---

[...ngis] aruara, asambat nyuwun pangapura ing panêmbahan. Amargi ênggènipun adamêl sawênang dhatêng para sêliripun. Ênggènipun sakit ki dipati wau pitung dintên lajêng pêjah, jisimipun lajêng kabêkta dhatêng ing Japan ing para santananipun. Balanipun sami buyar.

Wondene palajêngipun Pangeran Hèrucakra wau anjujug ing dhusun Sêmanggi cakêt ing Baturana bawah ing Sala, dêmang ing Baturana anama Dêmang Kêncèng, enggal angaturi uninga dhatêng ing Kartasura, wondene sang prabu inggih nuntên utusan angaturi kondur dhatêng ingkang raka, sarta angintuni busana kalihan arta, nanging Pangeran Hèrucakra sumados angêntosi sêlir tuwin abdinipun ingkang taksih sami kantun. Sang prabu ênggènipun angaturi dhatêng ingkang raka wau ngantos kaping sakawan. Nanging tansah winangsulan makatên kemawon. Sang nata kakên galihipun. Dêmang Kêncèng lajêng kadhawahan angoyaka ingkang raka saking ing dhusun ngriku, Dêmang Kêncèng nuntên amêpak kalerehanipun tiyang urut ing bênawi, ing wanci dalu lajêng sami dhatêng ing dhusun Sêmanggi sarwi surak anitir bêndhe, pangeran sarêng mirêng sakalangkung ajrih, enggal lumajêng mangidul sagarwaputranipun. Sarêng sampun siyang arêrêp wontên ing dhusun Gênting, ing dalunipun lajêng tinukup dhatêng tiyang ing dhusun. Barang gadhahanipun têlas kapêndhêtan. [kapê...]

--- 656 ---

[...ndhêtan.] Garwanipun nandhang tatu, nuntên sami lumajêng adharat kemawon, anusup-nusup ngidul ngilèn kawêlas asih, anjujug ing Têmbayat, kèndêl ing griyanipun Pangeran Wôngsadriya, Pangeran Wôngsadriya inggih lajêng angaturi uninga ing Panêmbahan Purbaya dhatêng Matawis, yèn ingkang raka wontên ing griyanipun sakalangkung karisakan, botên mawi abdi amung kalihan putra garwanipun. Panêmbahan Purbaya inggih enggal utusan amêthuk tandhu kalihan kapal punapa malih busana sarta arta, Pangeran Hèrucakra inggih nuntên bidhal saking ing Têmbayat. Sampun dumugi ing Kartasari, kêpanggih kalihan ingkang rayi kêkalih arêrangkulan sarta sami muwun.

Sarêng sampun antawis lami Pangeran Herucakra lajêng ingaturan bala dhatêng ingkang rayi, nuntên dipun kèn angêlar jajahan mangetan. Pangeran Hèrucakra nuntên bidhal sabalanipun anjujug ing Utêr tanah Nglaroh, têtiyang dhusun sakiwa têngên ing ngriku inggih sampun sami suyud.

Kacariyos Tuwan Amral, bidhal saking nagari Kartasura, sumêja ambêdhah ing Matawis, ambêkta bala Kumpêni kathah awarni-warni, dene têtindhihipun bala Jawi ing Kartasura Ki Dipati Mangkupraja, sakalangkung agêng lampahing baris. Lajêng amasanggrahan wontên ing

--- 657 ---

Dilanggu, ajêng-ajêngan kalihan mêngsah. Wondene têtindhihipun bala ing Matawis ingkang baris ing Drêsanan ngriku anama Dipati Lumarap, sakalangkung bèrbudinipun, sagêd amêndhêt manahipun têtiyang alit. Utawi têtêlukanipun kang anama Dêmang Bêbêkêl inggih sami kaagêngakên manahipun. Ing sabên dintên kaajak tunggil nêdha, mila têtêlukanipun sadaya sami asih, sumêja anglabuhi pêjah, anuntên bêbantu saking Matawis dhatêng anama Tumênggung Wiranagara kalih Tumênggung Gajah Pramada sabalanipun. Sampun kumpul kalihan Dipati Lumarap. Lajêng mundur abêbiting ing Kalêpu amrih papan kang prayogi. Wondene Panêmbahan Purbaya sarta Sultan Balitar inggih sampun bidhal saking ing Kartasari, sakalangkung agêng lampahing baris. Sultan Balitar anitih tandhu lêlawak, ginarêbêg ing para khaji tuwin para ulama sapanunggilanipun, sumêja amêthukakên pêrangipun Kumpêni, lajêng sami pacak baris wontên ing dhusun Sanasèwu sarta lajêng abêbiting.

Kacariyos Tuwan Amral kalihan Dipati Mangkupraja bidhal saking ing Dilanggu sarta bala Kumpêni pitung kapitan. Lajêng campuh prang kalihan bala ing Matawis wontên ing Kalêpu, sakalangkung rame pêrangipun. Bala Kartasura sarta bala Matawis kathah kang sami pêjah, anuntên Kumpêni angarutug ing sanjata, bala Matawis kathah ingkang pêjah, [pê...]

--- 658 ---

[...jah,] biting Kalêpu sampun kalêbêtan dening Kumpêni, Tumênggung Wiranagara lumajêng, Ki Dipati Lumarap ingajak lumajêng dhatêng para santana tuwin para têtêlukanipun botên purun. Wicantênipun, sanak-sanakku kabèh, yèn kowe padha wêdi mati padha lumayua, aku dhasar dakniyati mati ana ing paprangan. Krana aku iki trahing wong pidak bêndarakan,pêdarakan. jênêngku biyèn Si Bôngsapatra, môngka samêngko aku jênêng Dipati Lumarap, kêkasihe Panêmbahan Purbaya, yèn aku lumayua kêna diarani wong ora wêruh ing kabêcikan. Sarèhning gustiku bangêt asihe marang aku, aku ora bisa malês. Kajaba ming pêcahe kulitku lan wutahe gêtihku kang dakwalêsake, wis, kowe padha lumayua bae, aku dakngamuk dhewe. Tiyang ingkang dipun wicantêni wau kathahipun sêlawe, lajêng sami angamuk, golong anêrajang barisipun Dipati Mangkupraja, kang tinêrajang mawur, nuntên Kumpêni atêtulung ngarutug ing sanjata, tiyang salawe wau sampun sami pêjah sadaya, Ki Dipati Lumarap kabyukan ing mimis kathah inggih sampun pêjah, murdanipun tinigas. Sirah kaaturakên dhatêng Kartasura, pajalêranipun inggih tinigas. Lajêng kapakakakên ing sagawonipun Amral anama Jakub, sampun nate binêkta pêrang, sagawon wau lajêng kaêlih nama Lumarap.

--- 659 ---

Tuwan Amral sakumpêninipun tuwin Dipati Mangkupraja lajêng lampahipun, sumêja dhatêng Matawis. Sarêng dumugi ing Tangkisan Amral kagèt aningali ing ngajêng wontên baris sakalangkung agêng, lajêng pitakèn dhatêng Mangkupraja mênggah ingkang baris punika, Ki Mangkupraja anyêrêpakên yèn ingkang baris punika Panêmbahan Purbaya kalihan Sultan Balitar, Tuwan Amral lajêng anata Kumpêninipun adamêl gêlar, Dipati Mangkupraja sabalanipun kinèn mêdal ing Babanar, bala Kumpêni kawêdalakên satêngahing padhusunan. Supados mêngsahipun sampun ngantos aningali, kapurih kêndêla, sarta amatah bala sawêtawis kinèn lumampah ing wingking têbih ngobongana padhusunan.

Wondene panêmbahan sarta Sultan Balitar inggih sampun sumêrêp yèn mêngsahipun dhatêng, lajêng anata bala, panêmbahan sabalanipun dados panjawat kiwa, Sultan Balitar dados panjawat têngên. Ingkang dados dhadha Pangeran Riya, bala Kablitaran sarêng aningali mêngsahipun botên kanthi Kumpêni, sami gambira manahipun. Lajêng anêrajang purun. Bala Mangkupraja anadhahi, rame prangipun, kathah kang sami pêjah, anuntên Kumpêni mêdal saking padhusunan atêtulung, angarutug ing sanjata, bala ing Kablitaran sami kagum. Botên wontên nyana yèn Kumpêni dhatêng, Sultan Balitar [Ba...]

--- 660 ---

[...litar] anyêrêgakên balanipun tuwin para santri, nanging kasangsang dêrêsing mimis. Bala Kablitaran sami rêbah pating sulasah kenging ing mimis, tuwin para santri wau inggih sampun sami pêjah sadaya, panongsongipun Pangeran Balitar rêbah kadhawahan mimis. Songsongipun malêsat. Sultan Balitar sabalanipun anuntên lumajêng. Pangeran Riya sabalanipun atêtulung, anadhahi pêrangipun Kumpêni, Pangeran Riya wau anyandêr angadhangi palajêngipun tiyang Kablitaran, sarwi ngandika sêru, hèh wong Kablitaran, padha balia ngamuk daktulungi, yagene paman Balitar iku wong arêp jumênêng nata kok wêdi mati lumayu andhisiki, mulane kangjêng panêmbahan mêtu têka nagara ing Kartasura, amargi nglabuhi dhèwèke, ing wusana ora panggah ing pêrang, yèn mêngkono maratuwaku iku patut dikabiri bae. Akathah-kathah pangundhamananipun wau, nanging bala Kablitaran botên wontên ingkang sumaur, mêksa sami lumajêng kemawon. Pangeran Riya lajêng anindhihi pêrange balanipun. Panêmbahan Purbaya sarêng sumêrêp, yèn putranipun pêrang kalihan Kumpêni, panêmbahan sabalanipun enggal anêmpuh saking ing iringan, lajêng pêrang rukêt. Balanipun panêmbahan tuwin Kumpêni kathah ingkang sami pêjah, bangke ambêlasah, Kumpêni lajêng mundur sawêtawis. Kumpêni kang wontên [wontê...]

--- 661 ---

[...n] ing wingking enggal ambendrong mariyêm. Balanipun panêmbahan kathah kang tatu tuwin pêjah, botên sagêd kiwul. Anuntên sami mundur lon-lonan. Kumpêni angêlud dumugi ing Kaliajir rêrêp wontên ing ngriku. Palajêngipun panêmbahan kalihan sultan sarêng dumugi ing Kartasari, asipêng sadalu, enjingipun bidhal saha bala tuwin putra garwanipun botên kantun. Ngalèr ngilèn anjog ing Kêdhu, bala Kartasura kang baris ing Kêdhu anama Tumênggung Mangkuyuda, kawon pêrangipun sarta nandhang tatu, lajêng têluk dhatêng panêmbahan. Têtiyang ing Kêdhu inggih sampun suyud sadaya. Wondene Tuwan Amral sakumpêninipun wau sarta Dipati Mangkupraja angêbrêki ing Kartasari, wontên ing ngriku tigang dalu, nuntên sami pirêmbagan. Ki Mangkupraja wicantên dhatêng Amral, tuwan, suwawi lajêng ambujêng dhatêng panêmbahan tuwin Sultan Balitar. Tuwan Amral alon amangsuli, saudara, kula botên purun yèn ambujênga dhatêng panêmbahan sarta Sultan Balitar, timbalanipun sang prabu dhatêng kula kala rumiyin, amung andikakakên ambêdhah ing Kartasari, môngka ing mangke sampun kalampahan bêdhah, amêsthi kula wangsul dhatêng ing Kartasura angaturi uninga ing sang prabu, kalih dene mêngsah sampeyan punika dede tiyang Bali tuwin tiyang ing Madura, punika saduluripun [saduluri...]

--- 662 ---

[...pun] sang nata tunggil rama ibu, pandugi kula sang nata inggih taksih kagungan pangeman ing karisakanipun. Milanipun kula ajrih yèn angrumiyinana ing karsanipun sang prabu, dene benjing yèn kula sampun amratelakakên ing dalêm kula, môngka kadhawahan ambujêng dhatêng ingkang rayi, inggih sumôngga sami wangsul malih. Ki Dipati Mangkupraja botên sagêd amangsuli, sabab kaluhuran sabda, sarta lajêng amiturut dhatêng Amral. Anuntên sami bidhal mantuk dhatêng ing Kartasura. Sarêng panêmbahan sarta sultan mirêng pawartos, yèn Kumpêni sampun bidhal saking Matawis. Panêmbahan sarta sultan sabalanipun wangsul dhatêng ing Matawis. Anjujug ing dhusun Pamrêsan sawetaning pêkên agêng sarta lajêng akaklêmpak bala.

Kacariyos Tuwan Amral sakumpêninipun sampun dumugi ing Kartasura, lajêng sowan ing sang prabu, matur ing wiwitan dumugi ing wêkasan. Sang nata sakalangkung suka, Tuwan Amral matur malih, sinuhun, bilih ing salajêngipun panjênêngan dalêm taksih angarsakakên ing dalêm kula, kula inggih anglampahi, sanajan ngantosa pêjah kula inggih botên gumingsir, nanging kula gadhah panyuwun, mugi wontêna pangapuntên dalêm dhatêng pun Dipati Cakrajaya, bilih wontên kalêpatanipun, kula inggih ananggêl. Supados kenginga kula damêl [damê...]

--- 663 ---

[...l] kanthi sabaya pêjah. Sang nata sarêng mirêng aturipun Amral lajêng lêgêg botên amangsuli. Ki Dêmang Urawan anyambungi atur, gusti, aturipun Tuwan Amral makatên punika, sabab sumêrêp, yèn pun Patih Cakrajaya wau rêsik bêbudinipun sarta têmên-têmên ênggènipun rumêksa ing nagari dalêm. Kalanipun pêrang wontên ing Surabaya rintên dalu botên pisah kalihan pun patih, dene tiyang ingkang amadulakên ing panjênêngan dalêm punika botên lêrês. Amung amurih kalêpatanipun Patih Cakrajaya. Sang nata sarêng mirêng aturipun Ki Dêmang Urawan lêga galihipun. Anuntên angandika dhatêng Amral. Amral, kang dadi panjalukira ingsun iya wis marêngi sarta ingsun ya wis angapura marang Si Cakrajaya. Tuwan Amral matur malih, yèn makatên, kula kalilanana lumampah dhatêng ing Samawis. Pun Cakrajaya badhe kula luwari piyambak saking pagêdhongan. Tumuntên kula bêkta wangsul dhatêng ing Kartasura ngriki. Sang nata angandika malih, iya Amral, ingsun anglilani, nanging sira aja lawas-lawas nuli balia mrene, lan balane Si Cakrajaya kang wis padha ana ing Kartasura kene gawanên, paringna marang Si Cakrajaya manèh. Tuwan Amral sakalangkung suka manahipun. Lajêng mêdal saking kadhaton apradangdosan. Ing enjingipun nuntên bidhal sarta ambêkta balanipun [balanipu...]

--- 664 ---

[...n] Ki Patih Cakrajaya, sadhatêngipun ing Samawis ki patih sampun kaluwaran saking ing pagêdhongan. Lajêng aklêmpak bala amundhut urunan bala dhatêng para bupati pasisir, kadamêl prajuritipun ki patih, sabab Ki Patih Cakrajaya wau sumêrêp yèn têtiyang nagari ing Kartasura kathah kang sami kesah atilar bale griyanipun. Ênggènipun akaklêmpak bala wau badhe kadamêl ngisèni nagari ing Kartasura. Anuntên ki patih sarta Tuwan Amral angsal pawartos, yèn Pangeran Arya Mataram lolos saking Kartasura, jumênêng nata wontên ing Garobogan bawah ing Pathi, ajêjuluk Sunan Kuning, sampun anêluk-nêlukakên nagari sakiwa têngên ing ngriku, Tuwan Amral kalihan ki patih nuntên amarentahi Ki Tumênggung Mangunonêng ing Pathi, kinèn têluk dhatêng Pangeran Arya Mataram sarta sampun pinaringan basa wêwadi, Ki Tumênggung Mangunonêng inggih lajêng têluk dhatêng Pangeran Arya Mataram sarta sampun katarimah ing têlukipun, kagêga ing aturipun.

Gêntos kacariyos Panêmbahan Purbaya kalihan Sultan Balitar, ingkang wontên ing dhusun Pamrêsan. Sarêng sampun kathah balanipun, lajêng bidhal saking ngriku, abêbiting wontên ing Marêbung, balanipun kinèn sami angêlar jajahan. Ingkang mangilèn angêlar jajahan ing Kêdhu, ingkang mangalèr anyakêti nagari ing Kartasura, [Kar...]

--- 665 ---

[...tasura,] padhusunan sakiwatêngênipun ing Kartasura sami risak sadaya, têtiyang salêbêting nagari Kartasura sami kêkês manahipun. Sabab botên sagêd angupados têdha dhatêng sajawining nagari, lajêng kathah kang sami kesah atilar bale griyanipun. Sang nata sakalangkung ênggènipun sungkawa, anuntên wontên santananipun sang prabu saking ingkang ibu nama Radèn Sôntarêja, sampun jinunjung lênggahipun, kaparingan nama Pangeran Mangkubumi, lajêng kadadosakên senapati, kinèn angundurakên mêngsah kang cakêt ing nagari Kartasura, Pangeran Mangkubumi inggih nuntên bidhal sabalanipun, amasanggrahan ing dhusun Kêmlathèn, sarta anglêmpakakên arahan. Wontên ing ngriku Pangeran Mangkubumi amanggih maryêm alit satunggil. Lajêng kadamêl pêrangipun. Bala ing Mataram kawon pêrangipun. Sampun bêdhah têbih saking nagari Kartasura, maryêm ênggènipun manggih Pangeran Mangkubumi wau lajêng winastanan pun Tundhung Mungsuh, kala samantên tiyang ing nagari Kartasura sampun sami asrêp manahipun. Sabab sampun sagêd ngupados tatêdhan dhatêng sajawining nagari lêlampahan sabêdhug.

Anuntên sang nata anglampahakên utusan dhatêng ing Surabaya animbali Ki Ngabèi Tohhjaya, utusan enggal mangkat. Kala samantên ing Surabaya taksih rame pêrang wontên ing tanah Sapanjang,

--- 666 ---

bala pasisir amêngsah Panji Surèngrana, gêntos larag-linarag. Utusanipun sang prabu wau anjujug Kapitan Bèsing, Ki Tohjaya inggih nuntên kaangkatakên sarencangipun. Sadhatêngipun ing Kartasura lajêng tinimbalan dhatêng kadhaton. Sang nata sangêt rêsêp ing galihipun aningali Ki Ngabèi Tohjaya, dêdêgipun gagah prakosa, taksih ênèm ambêk sura, sang nata alon andangu, Tohjaya, pira kèhe baturira, Ki Tohjaya matur saha sêmbah, gusti, abdi dalêm rencang kula tiyang têtumbasan namung wolung dasa, kang sapalih tiyang ing Bali, kang sapalih tiyang Jawi. Sang prabu anuntên amaringi sanjata sèkêt, sandawa mimis kawan êtong sarta busana kalihan arta, kinèn angêdum dhatêng rencangipun Ki Tohjaya, sang nata angandika malih dhatêng Ki Tohjaya, Tohjaya, sira tunggua marang ingsun. Sabab sira kawulaningsun dhewe ênggon ingsun anênêmu, sira mondhoka ing kadipatèn. Ki Tohjaya matur sandika, lajêng mundur saking ngarsa dalêm dhatêng ing pamondhokan.

Kacariyos Dipati Jayapuspita ing Japan, ing sapêjahipun ingkang rayi kang anama Dipati Sasranagara, sangêt ênggènipun muring-muring, lajêng animbali ingkang rayi Dipati Natapura sabalanipun kang sawêg baris wontên ing Sapanjang, kinèn anglurug dhatêng ing Kartasura, Dipati

--- 667 ---

Natapura inggih nuntên mangkat anglurug dhatêng ing Kartasura, ambêkta bala pitung atus sarta tiyang môncanagari sadaya, lajêng apacak baris wontên ing dhusun Picis, sakidul wetanipun ing Kartasura, padhusunan sakiwa têngên ing ngriku sami risak dipun jarahi, Dipati Natapura nuntên angaturi uninga dhatêng ing Matawis. Panêmbahan Purbaya sarêng sampun anampèni pratelaning utusan, sangêt suka ing manahipun. Ki Dipati Natapura lajêng dipun tarimani, ingkang katarimakakên Mas Ayu Tiknasari, Dipati Natapura sangêt bingahipun. Dhasar gêcul alit mila, lajêng aparentah angangsêg barisipun. Anyakêti nagari ing Kartasura, têtiyang salêbêting nagari sami prihatin.

Kacariyos Tuwan Amral kalihan Ki Patih Cakrajaya bidhal saking ing Samawis sabalanipun. Sarta ambêkta para bupati pasisir sakilèning Samawis. Ingkang sawetaning Samawis, amung bupati ing Dêmak, kalih ing Kudus, tiga ing Japara, liyanipun saking punika taksih sami baris wontên ing Surabaya, sarèhning Ki Cakrajaya wau sampun lami ênggènipun baris wontên ing Surabaya, sadhatêngipun ing Kartasura kathah kang sami anênonton ing gêgamanipun Ki Cakrajaya, sabab balanipun kathah busananipun sae-sae. Tuwan Amral kalihan ki patih nuntên sowan malêbêt ing kadhaton.

--- 668 ---

Ki patih lajêng anyungkêmi sukunipun sang prabu sarwi nangis. Sêsambatipun kados pawèstri, ingkang sinambat ing tangis sang nata kang sampun seda, sang nata mirêng sambatipun ki patih angêrês galihipun, kagagas ingkang rama swargi, angandika sarwi nênggak waspa, wakane, wis mênênga, aja anangis. Ingsun mundhak milu anangis. Tuwan Amral sarêng aningali sang prabu sampun ical dukanipun dhatêng ki patih, pulih katrêsnanipun kados ingkang wau-wau, Tuwan Amral sakalangkung suka manahipun. Alon ênggènipun matur, sinuhun, sumôngga panjênêngan dalêm tingali, pun patih puniki punapa gadhah manah sèdhèng ing panjênêngan dalêm punapa botên. Ing saupami kapêjahana inggih botên suwala, nanging panjênêngan dalêm dados amêjahi tiyang tanpa dosa, benjing malih panjênêngan dalêm sampun sok anggêga aturing tiyang kang botên lêrês. Ing saupami pun patih punika sayêktos gadhah manah awon, amêsthi kula enggal angaturi uninga ing panjênêngan dalêm. Sang nata amangsuli, Amral, iya bênêr sira. Sang prabu lajêng angandika dhatêng ki patih, wakane, saiki sira mondhoka ing kadipatèn bae, dene omahira dhewe sun watara wis rusak, krana ênggonira aninggal wis lawas. Ki patih matur sarwi nêmbah, bilih panjênêngan dalêm parêng, kula badhe mantuk dhatêng pagriyan kula

--- 669 ---

piyambak. Sabab paningal kula sawarninipun abdi dalêm ingkang sami gêgriya têbih saking kadhaton sami ajrih anggriyani, manawi kula sampun mantuk, pandugi kula sami purun amangsuli pagriyanipun piyambak-piyambak. Dados têtêp manahipun têtiyang alit, nagari dalêm botên katingalan suwêng. Amral matur anglêrêsakên ing aturipun ki patih, sang nata inggih sampun amarêngi, Amral kalihan ki patih nuntên mêdal saking kadhaton. Kala samantên botên antawis lami têtiyang ingkang sami ngili sampun sami mantuk dhatêng pagriyanipun piyambak-piyambak. Ki Cakrajaya nuntên kaêlih nama Dipati Danurêja. Sarêng sampun antawis sawulan sang nata aparentah dhatêng Arya Mandurarêja, kinèn ambantoni Ki Tumênggung Mangkuyuda, sabab kawon pêrangipun wontên ing Kêdhu, kinanthenan Tumênggung Malang, kalih ing Barêbês, tiga ing Têgal. Ki Tumênggung Kandhuruwan kalih Ki Jayasudarga kinèn angrêbat ing Pagêlèn. Tuwan Amral sakumpêninipun kalihan Bupati Danurêja, Dipati Mangkupraja tuwin para bupati pasisir anglurug dhatêng ing Marêbung, sadaya wau sarêng ing bidhalipun. Lampahipun Tuwan Amral sampun dumugi ing Marêbung, lajêng abêbiting ajêng-ajêngan kalihan bitingipun bala ing Matawis. Bupati ing Matawis kang wontên ing ngriku anama Ki Tumênggung Jayabrata, wondene Panêmbahan [Panê...]

--- 670 ---

[...mbahan] Purbaya, kalih Sultan Balitar, tiga Pangeran Riya sami agiliran wontên ing ngriku sarta sami adamêl pêpanggungan. Kala punika kang pinuju wontên ing biting Panêmbahan Purbaya lajêng sami aprang mariyêman. Bala Matawis sami adamêl jugangan. Supados sampun ngantos kenging ing mimis. Ênggènipun pêrang maryêman wau sabên dintên botên kèndêl-kèndêl.

Dene bala ing Kartasura ingkang dhatêng ing Kêdhu inggih sampun campuh pêrang, bala ing Matawis kawon, lumajêng dhatêng ing Matawis, bala Kartasura kang dhatêng ing Pagêlèn anama Kandhuruwan kalih Jayasudarga, ing Pagêlèn inggih sampun karêbat dhatêng Kandhuruwan kalihan Jayasudarga, têtiyang ing ngriku sampun suyud sadaya.

Kala samantên Ki Kandhuruwan angumpulakên para tapa akalihan para ajar, ingkang sami ahlul petangan. Kinèn anjôngka Panêmbahan Purbaya kalih Sultan Balitar, punapa inggih alulus jumênêng nata punapa botên. Mila Ki Kandhuruwan wau makatên, saking trêsnanipun dhatêng Panêmbahan Purbaya, ing saupami sagêda lulus jumênêng nata, Ki Kandhuruwan sumêja ambalik, anilar ing Sang Prabu Kartasura, nanging aturipun para tapa sarta para ajar wau sami anjôngka yèn badhe lêbar ing lêlahan sarta botên wilujêng, nanging benjing wayahipun Panêmbahan Purbaya ingkang saking putranipun [putra...]

--- 671 ---

[...nipun] èstri, punika amêsthi badhe jumênêng nata angadhaton ing NgadipalaKadipala (dan di tempat lain). bawah ing Sala cakêt bênawi, sakalangkung agêng karatonipun. Ki Kandhuruwan sarêng sampun anampèni pratelaning para ajar, nuntên anglampahakên utusan mawi sêrat adhêdhêmitan katur Panêmbahan Surabaya, amratelakakên panjangkanipun para ajar wau, lampahipun ing utusan sampun dumugi ing Marêbung sarta angaturakên sêrat. Panêmbahan sasampunipun maos sêrat pratela, sakalangkung anglês galihipun. Enggal animbali Tumênggung Wiranagara, lajêng kaulungan sêrat saking Kandhuruwan wau sarta alon pangandikanipun.

Wiranagara, pikirên unine layang iku, atiku bangêt gone rubêd. Ki Wiranagara enggal amaos sêrat. Sarêng sampun tamat tumuntên matur, gusti, pamanah kula ungêling sêrat punika sae, wondene awonipun, sarèhning pun Kandhuruwan punika samangke taksih dados mêngsah, bokmanawi adamêl girisipun galih dalêm kemawon. Ananging kala panjênêngan dalêm taksih timur ngantos sapriki pun Kandhuruwan wau panganggêpipun dhatêng ing panjênêngan dalêm sakalangkung sae sarta sangêt trêsna, ênggènipun gadhah atur ingkang kawrat ing sêrat punika saking pangemanipun. Supados panjênêngan dalêm sampun ngantos kapara ing tiwas. Mila

--- 672 ---

dados pakèwêd ing pamanah kula. Panêmbahan ngandika, yèn mêngkono Wiranagara, kowe ngupayaa nujum ramal, kang bisa anjôngka sadurunge kalakon. Undangên mênyang ing ngarêpku mrene. Ki Wiranagara matur, inggih gusti, kula gadhah sadherekan patinggi ing dhusun Palar, punika asring anglampahakên panujuman. Samangke inggih wontên ing pamondhokan kula. Ki patinggi enggal tinimbalan. Sampun dumugi ing ngarsanipun panêmbahan. Ki Wiranagara wicantên, wakane patinggi, gustimu iki karsa sumêrêp kapintêramu anjôngka, matura ing satêmêne bae, aja nganggo wêdi. Ki patinggi matur botên sagêd. Ki Wiranagara wicantên malih, ki patinggi, yèn kowe ora gêlêm matur, amêsthi kowe bakal bilai ing sadina iki. Ki patinggi matur malih, kula inggih purun matur ing sayêktosipun. Nanging panyuwun kula, bilih ingkang badhe kula aturakên punika wontên ingkang botên prayogi, mugi gusti kula angapuntêna dhatêng kula. Panêmbahan anyambungi pangandika anyagahi. Ki patinggi nuntên matur, gusti, ing panjôngka kula panjênêngan dalêm tuwin rayi dalêm kangjêng sultan botên sagêd lulus jumênêng nata, sanajan darbea prajurit yutan. Nagari ing Kartasura kantun saaubing payung, inggih botên bêdhah dening panjênêngan dalêm tuwin rayi dalêm. Dene karsa [kar...]

--- 673 ---

[...sa] dalêm adamêl prang punika badhe tanpa wêkas, mindhak angrisakakên tiyang alit. Sabab panjênêngan dalêm tuwin rayi dalêm botên kalilan ing Allah yèn jumênênga nata amêngku ing tanah Jawi, nanging panjênêngan dalêm ing benjing kagungan wayah jalêr, miyos saking putra dalêm wanodya, punika amêsthi badhe jumênêng nata angadhaton ing Sala utawi ing Ngadipala, sakilèning bênawi, wiwitanipun mêlas asih, wêkasanipun pinunjul. Karatonipun angungkuli para lêluhuripun ingkang sampun sami sumare, lamine karatonipun wolung dasa taun nuntên apês. Panêmbahan alon andangu, patinggi, ênggonmu duwe kawruh mangkono iku saka ing apa. Gusti, sêrap kula makatên punika awit saking kitab anama Suratul Nujum. Punika kitabipun. Panêmbahan sarêng mirêng aturipun ki patinggi wau sangêt ênggènipun lêgêg, sarta ênggènipun mangun pêrang lajêng kêmba, panêmbahan nuntên bidhal saking bètèng ing Marbung, kondur dhatêng ing Matawis, mundhut gilir kalihan Sultan Balitar, kang kinèn kantun wontên ing biting Pangeran Riya kalihan Tumênggung Jayabrata, ing sabên dintên tansah sami pêrang mariyêman. Têrkadhang bala Kumpêni mêdal saking bitingipun ing Malinjon, sumêja angrampid bitinging mêngsahipun. Nanging botên sagêd. Sabab papanipun sakalangkung pakèwêd [pa...]

--- 674 ---

[...kèwêd] sarta kaêlêtan lèpèn jurangipun lêbêt, sarta bala ing Matawis sangêt ing pangatos-atosipun.

Anuntên Tuwan Amral apirêmbagan kalihan Ki Patih Danurêja, sarèhning padhusunan sakidulipun nagari ing Kartasura kathah ingkang risak, amargi dipun jarah rayah dhatêng balanipun Surèngrana kang baris ing Picis, utawi bala ing Kartasura kang sami wira-wiri dhatêng pabarisan inggih asring dipun begali wontên ing margi, punika sami rêmbag anyuwun Ki Ngabèi Tohjaya dhatêng sang prabu, kawêdalna saking nagari anggêbaga mêngsah kang wontên ing Picis. Ki Patih Danurêja wau inggih sampun anglampahakên utusan sarta mawi sêrat katur ing sang prabu, sang nata sarêng sampun anampèni sêrat, nuntên animbali Ki Ngabèi Tohjaya, katantun punapa purun kaabên pêrang kalihan Dipati Natapura, atur wangsulanipun Ki Tohjaya purun, ing pundi panggenanipun kêpanggih botên ajrih, sabab kala pêrang ing Surabaya inggih punika mêngsahipun. Kalih dene pun Dipati Natapura punika tandangipun prang licik, kapurunanipun anênungkul, botên purun pêrang dhadha, sanès kalihan sadhèrèkipun kang nama Jayapuspita utawi Sasranagara, punika mênggaha sawung tanglêd purun gêntos gêbag-ginêbag. Sang nata sarêng mirêng aturipun Ki Tohjaya [Toh...]

--- 675 ---

[...jaya] sakalangkung suka, Ki Tohjaya lajêng kadhawahan anglurug tumut ki patih tuwin Tuwan Amral, kaparingan sangu kalih atus reyal sarta waos satunggil prabot jêne, Ki Tohjaya tumuntên mangkat sarta kabêktanan sêrat, kaparingakên Tuwan Amral kalihan ki patih, lampahipun Ki Tohjaya sampun dumugi ing Malinjon. Sêrat lajêng kaparingakên dhatêng Amral. Tuwan Amral sarêng sampun maos sêrat sangêt ing bingahipun. Lajêng wicantên dhatêng Ki Tohjaya, Ki Tohjaya, samêngko bangêt bêgjamu, sang prabu bangêt sihe marang kowe, karo dene dhawuhe sang nata ora anglilani yèn kowe pisaha karo aku utawa karo bupati, lan jênêngmu amêsthi bakal daklêbokake ing êbuk. Para bupati sarêng sami mirêng wicantênipun Amral sami suka manahipun sarta sami asih dhatêng Ki Tohjaya. Ki Tohjaya nuntên kadhawahan dhatêng Amral. Kinèn ambêdhah ing Têmbayat. Sabab botên purun nungkul, taksih angidhêp dhatêng Panêmbahan Purbaya, Ki Tohjaya inggih tumuntên mangkat sabalanipun sarta kakanthenan bupati kêkalih, anama Radèn Natawijaya kalih Mangunnagara sabalanipun. Sarêng dumugi ing Têmbayat, pinêthukakên pêrang rame, tiyang ing Têmbayat kathah kang pêjah, amargi dipun amuk dhatêng Ki Tohjaya sabalanipun. Tiyang Têmbayat sami ngungsi

--- 676 ---

dhatêng ing masjid. Ki Tohjaya angêlud. Kang kacandhak pinêjahan. Radèn Natawijaya angèngêtakên dhatêng Ki Tohjaya wicantênipun, he adhi Tohjaya, ampun bangêt gon dika siya-siya marang wong ing Têmbayat. Sabab punika padha trahing wali, kaya dene ing Giri tanah Surabaya. Ki Tohjaya sarêng mirêng wicantênipun Radèn Natawijaya, lajêng sila sarwi anyêmbah masjid kaping satus. Radèn Natawijaya pitakèn sarta gumujêng, adhi Tohjaya, punapa dika nyêmbah ing masjid. Ki Tohjaya amangsuli, milanipun kula nyêmbah masjid. Bokmanawi wontên pangeran kang trah wali katut kula pêjahi, supados kula sampun ngantos kenging ing walat. Radèn Natawijaya utawi ingkang sami mirêng lajêng sami gumujêng sadaya, nuntên sami wangsul dhatêng ing Malinjon.

Gêntos kacariyos Ki Dipati Jayapuspita ing Japan, anandhang sakit sangêt. Ki Dipati Natapura kang wontên ing Picis dipun utusi, sarêng Dipati Natapura dumugi ing Japan, Sang Dipati Jayapuspita lajêng pêjah, balanipun sami bibar arêbat pagêsangan piyambak-piyambak. Srayanipun tiyang Bali inggih lajêng sami mantuk dhatêng ing Bali, dene para santananipun Sang Dipati Jayapuspita wau lajêng sami anunggil akalihan Ki Dipati Natapura wontên ing Japan.

--- 677 ---

Kacariyos Panêmbahan Purbaya kang abêbiting wontên ing Marbung, ênggènipun ajêng-ajêngan kalihan Kumpêni utawi bala ing Kartasura laminipun sampun wolung wulan. Ing sabên dintên tansah sami pêrang amariyêman. Kala samantên Panêmbahan Purbaya sarta bala ing sawêtawis bidhal saking Marêbung kondur dhatêng ing Matawis. Karsa mundhut gilir ingkang rayi Sultan Balitar, nanging sarêng dumugi ing Matawis lajêng pradangdosan. Utawi Sultan Balitar sarta Pangeran Riya inggih lajêng sami pradangdosan sagarwa putranipun tuwin balanipun sadaya, sumêja lolos dhatêng tanah ing môncanagari, sarêng sampun samêkta lajêng bidhal saking ing Matawis. Arêrêp wontên ing dhusun Kêbon Agung, panêmbahan anuntên angutusi balanipun kang taksih wontên ing Marêbung, kinèn sami anilar bitingipun ing wanci dalu, sarêng ing wanci dalu bala Mataram kang wontên ing biting inggih nuntên sami bidhal. Bala Kartasura tuwin Kumpêni botên wontên kang sumêrêp. Ing sanèsipun dintên Tuwan Amral sumêrap yèn panêmbahan sarta sultan sabalanipun sampun bidhal mangetan. Tuwan Amral sakumpêninipun tuwin bala ing Kartasura lajêng sami anututi, anurut ing salasahipun. Lampahipun panêmbahan mêdal ing Manyaran, anjog ing Laroh, sampun kumpul kalihan Pangeran Hèrucakra, [Hèruca...]

--- 678 ---

[...kra,] lajêng mangetan mêdal ing Kaduwang anjog ing Kamagêtan. Wontên ing ngriku lampahipun katututan. Lajêng pêrang kalihan Kumpêni sakêdhap. Panêmbahan kawon, lumajêng dhatêng kitha ing Madiun. Kèndêl wontên ing ngriku sarta tata-tata.

Wondene Tuwan Amral arêrêp wontên ing Kamagêtan. Lajêng pirêmbagan kalihan ki patih sumêja mantuk dhatêng ing Kartasura, kang tinilar kinèn baris ing ngriku Radèn Arya Pringgalaya kalih Radèn Natawijaya, kakanthenan bupati pasisir sawêtawis. Sanèsipun punika sadaya sami kabêkta mantuk dhatêng ing Kartasura, lampahipun Amral sakumpêninipun sampun dumugi ing Kartasura sarta sampun amratelakakên dhatêng ing sang prabu salampahipun sadaya, Ki Ngabèi Tohjaya lajêng ginanjar nagari ing Lamongan, kapatêdhanan nama Tumênggung Tohjaya, lajêng kadhawahan mantuk dhatêng ing Lamongan anataa nagarinipun sarta adamêla prajurit.

Tuwan Amral anuntên pirêmbagan kalihan ki patih, kinèn akintun sêrat dhatêng Ki Tumênggung Mangunonêng ing Pathi, kapurih bujuka Pangeran Arya Mataram kang jumênêng nata wontên ing Garobogan. Pangeran Arya Mataram wau dipun aturi ing Tuwan Amral têdhak dhatêng ing Japara, sagah badhe kaangkat jumênêng nata amêngku [a...]

--- 679 ---

[...mêngku] ing tanah Jawi, prajangjeanipun kalihan Kumpêni anuruta kados prajangjeanipun Sinuhun Pakubuwana suwargi, nanging Tuwan Amral nyuwun epah nagari ing Surabaya kalihan ing Japara, tiga ing Dêmak. Utusanipun ki patih ingkang ambêkta sêrat inggih enggal lumampah, sampun dumugi ing Pathi, sêrat inggih sampun katampèn dhatêng Ki Tumênggung Mangunonêng, sêrat lajêng kaaturakên dhatêng Pangeran Arya Mataram, sarta Ki Mangunonêng akathah-kathah aturipun amurih pangeran puruna têdhak dhatêng Japara, Pangeran Arya Mataram wau inggih lajêng kamologên galihipun. Botên sumêrêp yèn badhe kenging ing paekan. Enggal angundhangi balanipun, nuntên bidhal dhatêng ing Japara, Ki Mangunonêng botên kenging pisah.

Wondene Tuwan Amral inggih sampun mangkat saking Kartasura sarta ambêkta Ki Dipati Citrasoma ing Japara, dumuginipun ing Japara sarêng kalihan rawuhipun Pangeran Arya Mataram. Kumpêni ing Japara tuwin Tuwan Amral sangêt ênggènipun sugun-sugun dhatêng Pangeran Arya Mataram. Pakurmatipun kasami kalihan sang prabu, pangeran sagarwa putranipun sami eca ing galihipun.

Sarêng sanèsipun dintên Pangeran Arya Mataram sarta putra tuwin mantunipun kathahipun wolu sarêng dumugi salêbêting [sa...]

--- 680 ---

[...lêbêting] loji lajêng cinêpêngan, binêkta dhatêng pasisir, sinedanan wontên ing ngriku, sinêngkalan 1645. Tuwan Amral nuntên wangsul dhatêng ing Kartasura, sarta ambêkta garwanipun Pangeran Arya Mataram tuwin putranipun ingkang sami taksih alit-alit. Sadhatêngipun ing Kartasura lajêng matur dhatêng sang prabu ing kawitan dumugi wêkasan. Sang nata sakalangkung suka ing galihipun sarta anarima sangêt dhatêng Amral. Tuwan Amral anuntên matur yèn sumêja ambujêng ing sapurugipun panêmbahan tuwin Sultan Balitar, sang nata parêng, lajêng parentah dhatêng ki patih, kinèn amarentahi Ki Dipati Cakraningrat sarta para bupati pasisir, sami andikakakên dhatêng ing Ngawi sabalanipun. Tuwan Amral inggih badhe dhatêng ing Ngawi sarta bala Kumpêni mêdal ing Jagaraga, Radèn Natawijaya kang baris wontên ing Magêtan kinèn angêrig tiyang môncanagari, abarisa ing wana Gagêlang sakidulipun Madiun. Ki patih wau enggal anglampahakên utusan dhatêng Maduntên tuwin nagari pasisir môncanagari sadaya, para bupati ingkang sami kadhawahan parentah wau inggih enggal sampun sami dhatêng wontên ing Ngawi sarta ing wana Gagêlang, sakalangkung agêng bêbarisanipun. Anuntên sami angaturi uninga dhatêng ing Kartasura. Wondene Tuwan Amral sarêng sampun anampèni pratela, [prate...]

--- 681 ---

[...la,] yèn para bupati sampun sami ngalêmpak. Tuwan Amral nuntên bidhal ambêkta Kumpêni sèwu, bupati ing Kartasura kang binêkta sapalih, têtindhihipun Radèn Suradiningrat putranipun Pangeran Panular kalih Ki Dipati Mangkupraja, lampahipun sampun dumugi ing Ngawi, akumpul kalihan para bupati môncanagari tuwin pasisir, kathahing bala tanpa wilangan, lajêng ngangsêg dhatêng ing dhusun Kakajang.

Gêntos kacariyos putra ing Maduntên kang nama Radèn Jimat, kang binêkta Dewa Kêtut dhatêng ing Bali rumiyin. Samangke sampun wangsul dhatêng ing tanah Jawi, akumpul kalihan Ki Dipati Natapura, tumuntên sami rêmbag sumêja anunggil Panêmbahan Purbaya, lajêng sami bidhal saking ing Japan lan sabalanipun. Sadhatêngipun ing Madiun panêmbahan sakalangkung bingah ing galihipun. Ki Dipati Natapura lajêng sinêgahan dados pamugarining prang, panêmbahan anuntên parentah anata baris sumêja mêthuk prang wontên ing dhusun Pagagakan. Milih papan kang wiyar sarta radin. Ingkang pinatah dados panjawat têngên Radèn Jimat, binêbahan mêthukakên pêrangipun bala ing Madura sarta bala pasisir, Ki Dipati Natapura dados panjawat kiwa, amêthukakên pêrangipun bupati ing Kartasura, ingkang dados dhadha panêmbahan, badhe anadhahi pêrangipun Kumpêni, sarêng sampun [sampu...]

--- 682 ---

[...n] sami rakit nuntên bidhal saking kitha Madiun. Sadhatêngipun ing Pagagakan mêngsahipun sampun mapan wontên ing ngriku, lajêng têmpuh pêrang rame, kathah kang sami pêjah, balanipun Pangeran Cakraningrat ing Maduntên sarêng sami aningali dhatêng Radèn Jimat sangêt ênggènipun sami ajrih, sabab punika saduluripun gustinipun. Nuntên sami lumajêng angungsi wingkingipun Pangeran Cakraningrat. Pangeran Cakraningrat sangêt duka, anêrêgakên bala sarwi angandika, hèh bocah Madura, aja ana kang wêdi, Si Kacung cêkêlên bae. Nanging bala ing Madura mêksa mogok, lumajêng dhatêng ing wingkingipun prajurit Kumpêni, bala ing pasisir kèlu sami lumajêng, utawi bupati ing Kartasura ingkang aprang kalihan Dipati Natapura inggih sampun kaplajêng, nuntên Kumpêni anadhahi pêrangipun panêmbahan. Sakalangkung rame sarta kathah kang sami pêjah, panêmbahan kawon pêrangipun. Nuntên mundur alon-alonan sarta kasaput ing dalu, sadhatêngipun ing kitha Madiun lajêng pradangdosan sumêja kèngsêr mangetan, sarêng sadalu punika ugi panêmbahan sarta sultan bidhal saking ngriku lan sabalanipun, mêdal ing siti Pranaragi lajêng anjog ing Kadhiri. Anuntên anakipun Surapati têtiga sami sowan dhatêng panêmbahan wontên ing Kadhiri, inggih anama Surapati, kalih Suradilaga, tiga Tirtanata, sarta ambêkta bala

--- 683 ---

gangsal atus. Lajêng kinèn amêthukakên Kumpêni ingkang sami ambujêng dhatêng panêmbahan.

Wondene pambujêngipun Tuwan Amral sakumpêninipun tuwin bala ing Kartasura kèndêl wontên sakilènipun bênawi palabuhan. Ênggènipun masanggrahan wontên ing ngriku satêngah wulan, ajêng-ajêngan kalihan anakipun Surapati têtiga wau, nanging êlêt bênawi, dene panêmbahan sarta sultan inggih wontên ing kitha Kadhiri, sarêng Tuwan Amral sumêrêp yèn panêmbahan taksih wontên ing kitha Kadhiri, botên tumut baris cakêt bênawi ngriku, Tuwan Amral lajêng anuduh Kumpêni gangsal atus, têtindhihipun kapitan gangsal, anama Tonar, kalih Bêngkol, tiga Kapitan Pambayi, sakawan Kapitan Buyung, gangsal Kapitan Jêmbaran, kinanthenan Ki Tumênggung Tohjaya, kinèn sami nyabrang bangawan ngandhap, lajêng amenggok mangidul. Ingkang sami kadhawahan wau inggih enggal mangkat nyabrang ing bênawi.

Sarêng panêmbahan sumêrêp yèn wontên baris Kumpêni badhe nubruk saking wingking, sangêt ênggènipun kagegeran. Anakipun Surapati têtiga wau lajêng sami dipun timbali, badhe kinèn amêthukakên Kumpêni kang sampun sami nyabrang bênawi. Sarêng tuwan aningali baris sawetaning bênawi sampun bibar, Amral sakumpêninipun sarta bala ing Kartasura lajêng sami nyabrang mangetan. [ma...]

--- 684 ---

[...ngetan.] Panêmbahan sangsaya kuwur galihipun. Sabab mêngsahipun maju kalih, panêmbahan sarta sultan nuntên sami lumajêng dhatêng ing Malang, anakipun Surapati têtiga anadhahi pêrang sakêdhap, anuntên nututi lumajêng. Wondene Amral sarta bala ing Kartasura lajêng angêbrêki kitha ing Kadhiri, têtiyang môncanagari sampun kathah kang sami nungkul dhatêng Tuwan Amral. Amral nuntên adamêl loji ing ngriku. Sarêng ênggènipun adamêl loji sampun dados, Tuwan Amral lajêng bidhal dhatêng ing Surabaya ambêkta bala Kumpêni sapalih, kang sapalih taksih tinilar wontên ing Kadhiri kalihan bala ing Kartasura sadaya, sarta atilar ubanggi dintên ênggènipun badhe ambêdhah ing Malang, lampahipun Tuwan Amral mêdal ing Japan. Têtiyang ing Japan tuwin sakiwatêngênipun sampun sami nungkul sadaya dhatêng Amral. Lajêng sami binêkta dhatêng ing Surabaya, Tuwan Amral wau ênggènipun wontên ing Surabaya botên lami, nuntên mangkat sumêja anggêbag ing Malang, dhatêngipun wontên ing Malang sarêng kalihan Kumpêni tuwin bala ing Kartasura kang saking Kadhiri, lajêng têmpuh pêrang sakêdhap. Sultan Balitar lumajêng dhatêng ing Dhumpul. Panêmbahan kalihan Pangeran Hèrucakra sarta Dipati Natapura tuwin anakipun Surapati têtiga sami lumajêng angusi ing Lumajang, sinêngkalan 1646.

--- 685 ---

Tuwan Amral sarta bala ing Kartasura sami angêbrêki ing Malang, wontên ing ngriku kaparag ing pagêring, bala ing Kartasura tuwin Kumpêni kathah kang sami pêjah amargi sakit. Radèn Suradiningrat kalihan Dipati Mangkupraja sami pêjah, Tuwan Amral sakumpêninipun tuwin bala ing Kartasura anuntên sami bidhal mantuk dhatêng ing Kartasura sarta ambêkta kunarpa kêkalih wau. Ing sapêngkêripun Kumpêni tuwin bala ing Kartasura, Sultan Balitar wangsul dhatêng ing Malang malih, wontên ing ngriku gêrah andadosakên ing sedanipun. Layonipun anuntên binandhusa kabêkta dhatêng ing Kartasura, kang angiringakên layon garwa putranipun sarta Ki Tumênggung Jayabrata, nuntên sami mangkat saking ing Malang.

Kacariyos mantukipun bala ing Kartasura sarwi ambêkta kunarpanipun Ki Dipati Mangkupraja kalih kunarpanipun Radèn Suradiningrat. Sarêng katur ing sang prabu sakalangkung ngungun. Têtilaranipun anak Ki Dipati Mangkupraja satunggil, lajêng kadadosakên bupati, kaparingan nama Tumênggung Kartanagara. Anuntên Ki Dipati Sura Adimênggala ing Samawis pêjah, nanging botên gadhah anak jalêr, amung anak èstri kemawon, sampun kaemahakên angsal kapenakanipun Dipati Sura Adimênggala anama Martayuda, Martayuda wau kala jumênêngipun Sunan Pakubuwana wontên ing Samawis sampun kaabdèkakên, [ka...]

--- 686 ---

[...abdèkakên,] kadadosakên carik. Inggih kaparingan nama Ngabèi Martayuda, sarêng ing sapêjahipun Ki Dipati Sura Adimênggala punika Martayuda sumêja angrêbat kalênggahanipun. Nuntên agadhah panyuwun dhatêng Tuwan Komasaris Dulkub. Tuwan komisaris inggih parêng, Ki Mangkuyuda lajêng katêtêpakên dados bupati ing Samawis. Nanging tuwan komasaris wau kasupèn adatipun lampahing nagari, botên mawi ngaturi uninga sarta anyuwun lilah ing sang prabu tuwin ki patih. Sarêng Ki Patih Danurêja kamirêngan, yèn Ki Martayuda sampun dados bupati awit saking karsanipun tuwan komasaris, ki patih enggal anglampahakên utusan animbali Martayuda, Ki Marta sarêng tampi dhawuh saking ki patih, enggal lumampah sowan dhatêng ing Kartasura sarta angangge panganggenipun bupati, sadhatêngipun ing Kartasura lajêng amondhok ing kapatihan.

Anuntên ki patih anglampahakên utusan dhatêng tuwan komasaris ing Samawis sarta mawi sêrat. Ungêling sêrat, ki patih pitakèn dhatêng komasaris, punapa tuwan komasaris purun adamêl bupati, botên têrang kalihan sang prabu, kaping kalih ki patih anyêrêpakên dhatêng tuwan komasaris, yèn Kumpêni ing Samawis botên kaparingan wêwênang yèn amisesaa dhatêng [dha...]

--- 687 ---

[...têng] bupati ing Samawis. Naming padamêlanipun kemawon ingkang kaparingakên dhatêng Kumpêni, dene bilih wontên kalêpatanipun ênggènipun jagi, tiyang Kumpêni anglaporna dhatêng Kartasura, sabab botên kawênangakên yèn angukuma ing kalêpatanipun. Tuwan komasaris wau sarêng sampun maos sêrat, sangêt ênggènipun jêtung, amargi dipun wus- wusakên dhatêng ki patih, sarta kaduwung solahipun kang sampun kalampahan. Anuntên amangsuli sêrat. Suraosipun, angrêrêpa dhatêng ki patih, supados sampun ngantos karêpotakên dhatêng Batawi, dene prakawisipun Martayuda, sarèhning samangke sampun wontên ing Kartasura, aprasasat yatra sampun wontên ing kanthongipun ki patih, punapa ingkang dados karsanipun amêsthi badhe kalampahan sarta tuwan komasaris angintuni barang warni-warni dhatêng ki patih. Sêrat tuwin barang kintunan sampun sami katampèn dhatêng utusan. Nuntên mantuk dhatêng ing Kartasura. Ki Patih Danurêja sampun maos sêrat wangsulan saking komasaris sangêt suka ing manahipun. Ki patih enggal sowan ing sang prabu angaturakên prakawis wau, sang nata sarêng mirêng pratelanipun ki patih, sakalangkung suka ing galihipun. Alon ênggènipun ngandika, wakane, prakara iku môngsa bodhoa sira, sarèhning Martayuda mau kaluputan [ka...]

--- 688 ---

[...luputan] marang ingsun. Iya tumuli patrapana paukuman. Nanging aja sira patèni, krana kangjêng rama swargi wis prajangjean karo Si Dipati Sura Adimênggala, saturune luputa ing ukum pati. Ki patih matur sandika, ki patih matur malih angaturakên ingkang badhe anggêntosi bupati ing Samawis, anama Ngabèi Sêtrawijaya, sang nata inggih parêng, ki patih tumuntên mêdal saking kadhaton.o.