Sastra Jawa

Program Digitalisasi Sastra Daerah

  • Increase font size
  • Default font size
  • Decrease font size

Babad Giyanti, Balai Pustaka, 1937-39, #985 (Jilid 02)

Katalog:Babad Giyanti, Balai Pustaka, 1937-39, #985
Sambung:
1.Babad Giyanti, Balai Pustaka, 1937-39, #985 (Jilid 01). Kisah, Cerita dan Kronikal | Babad Giyanti #1061.
2.Babad Giyanti, Balai Pustaka, 1937-39, #985 (Jilid 02). Kisah, Cerita dan Kronikal | Babad Giyanti #1062.
3.Babad Giyanti, Balai Pustaka, 1937-39, #985 (Jilid 03) . Kisah, Cerita dan Kronikal | Babad Giyanti #1063.
4.Babad Giyanti, Balai Pustaka, 1937-39, #985 (Jilid 04). Kisah, Cerita dan Kronikal | Babad Giyanti #1064.
5.Babad Giyanti, Balai Pustaka, 1937-39, #985 (Jilid 05). Kisah, Cerita dan Kronikal | Babad Giyanti #1065.
6.Babad Giyanti, Balai Pustaka, 1937-39, #985 (Jilid 06) . Kisah, Cerita dan Kronikal | Babad Giyanti #1066.
7.Babad Giyanti, Balai Pustaka, 1937-39, #985 (Jilid 07). Kisah, Cerita dan Kronikal | Babad Giyanti #1067.
8.Babad Giyanti, Balai Pustaka, 1937-39, #985 (Jilid 08) . Kisah, Cerita dan Kronikal | Babad Giyanti #1068.
9.Babad Giyanti, Balai Pustaka, 1937-39, #985 (Jilid 09). Kisah, Cerita dan Kronikal | Babad Giyanti #1069.
10.Babad Giyanti, Balai Pustaka, 1937-39, #985 (Jilid 10). Kisah, Cerita dan Kronikal | Babad Giyanti #1070.
11.Babad Giyanti, Balai Pustaka, 1937-39, #985 (Jilid 11) . Kisah, Cerita dan Kronikal | Babad Giyanti #1071.
12.Babad Giyanti, Balai Pustaka, 1937-39, #985 (Jilid 12). Kisah, Cerita dan Kronikal | Babad Giyanti #1072.
13.Babad Giyanti, Balai Pustaka, 1937-39, #985 (Jilid 13) . Kisah, Cerita dan Kronikal | Babad Giyanti #1073.
14.Babad Giyanti, Balai Pustaka, 1937-39, #985 (Jilid 14) . Kisah, Cerita dan Kronikal | Babad Giyanti #1074.
15.Babad Giyanti, Balai Pustaka, 1937-39, #985 (Jilid 15) . Kisah, Cerita dan Kronikal | Babad Giyanti #1075.
16.Babad Giyanti, Balai Pustaka, 1937-39, #985 (Jilid 16). Kisah, Cerita dan Kronikal | Babad Giyanti #1076.
17.Babad Giyanti, Balai Pustaka, 1937-39, #985 (Jilid 17). Kisah, Cerita dan Kronikal | Babad Giyanti #1077.
18.Babad Giyanti, Balai Pustaka, 1937-39, #985 (Jilid 18). Kisah, Cerita dan Kronikal | Babad Giyanti #1078.
19.Babad Giyanti, Balai Pustaka, 1937-39, #985 (Jilid 19). Kisah, Cerita dan Kronikal | Babad Giyanti #1079.
20.Babad Giyanti, Balai Pustaka, 1937-39, #985 (Jilid 20). Kisah, Cerita dan Kronikal | Babad Giyanti #1080.
21.Babad Giyanti, Balai Pustaka, 1937-39, #985 (Jilid 21). Kisah, Cerita dan Kronikal | Babad Giyanti #1081.

Serie No. 1259a

Babad Giyanti

Anggitanipun: Radèn Ngabèi Yasadipura I ing Surakarta.

Jilid 2.

Bale Pustaka - 1937 - Batawi Sèntrêm.

--- [2] ---

Wêwênangipun ingkang ngarang kaayoman miturut anggêr ingkang kapacak ing Sêtatsêblad 1912 No. 600.

--- [3] ---

Prajurit ing Surakarta lan Kumpêni angubrês ing tanah Sêmbuyan saanteronipun.§ Miturut babon ingkang sumimpên ing Kon. Bat. Gen. v. K. en W.

20. Kumpêni ingkang lumaris | satus tumut saudara | miwah mariyêm kalihe | Tumênggung Sasrawijaya | puniku kula bêkta | dene ta pra mantrinipun | wong Kalang kantun sadaya ||

21. mêngsah ingkang alit-alit | kang wontên ing Pamasaran | miwah kang wontên Kanitèn | kula borong saudara | yèn pantês dipun larag | nanging Kumpêni dragundur | kawula bêkta sadaya ||

22. rêmbagipun sampun dadi | ing dalu datan kawarna | enjang têngara budhale | kumêrab kang balakuswa | Hogêndhorêp nèng ngarsa | ing wuri Mayor Tênangkus | lampahe minggah Sêmbuyan ||

23. Sultan Dhandhun Martèngsari | wus ngirabakên kang wadya | gangsal atus prajurite | kang samya nitih turôngga | Tumênggung Purbaningrat | lan Dipaningrat Tumênggung | dadya senapati yuda ||

24. dene Adipati Gêndhing | mirèkakên para garwa | pan pitung dasa cacahe | binakta minggah mring arga | pinrênah ing Pidêksa | cinatur ing lampahipun | Pangeran Mangkunagara ||

25. praptaning Burêng ningali | lamun barise kang paman | anèng Burêng pamanggène | punggawane tinimbalan | Tumênggung Purbaningrat | praptèng ngarsa ngandikarum | Pangeran Mangkunagara ||

--- 4 ---

26. jêng paman pamagut jurit | kang dinangu aturira | inggih wau timbalane | gusti jêng rama paduka | kula kinèn bantua | dhatêng paduka pukulun | ing mangke paduka prapta ||

27. pangeran ngandika malih | ya bêcik kene kewala | Burêng prayoga papane | sira iku Purbaningrat | dadi pangawat kanan | de pangawat kiwanipun | Si Tumênggung Dipaningrat ||

28. Kumpêni kang bujung sami | sun watara nuli prapta | dèrèng kèndêl andikane | bala Kumpêni gya prapta | wanci ngajêngkên arsa | tumingal ing mungsuh agung | têngara tambur tinêmbang ||

29. ngabani têmpuh ing jurit | sapalih dragundêrira | mayor ngirid ngarsa dhewe | ingêdrèl sapisan bubar | ingkang munggèng pangawat | sabalane Sultan Dhandhun | Martèngsari wus lumajar ||

30. Sultan Dhandhun Martèngsari | dupi myat balane buyar | anyandêrakên kudane | nunjang palang tan kaetang | anusul wanapringga | sipat kuping plajêngipun | sagung balanira sultan ||

31. Pangeran Mangkunagari | nèng Dhadha sabalanira | kapêngkok tadhah prang rame | bêdhil-binêdhil lan mêngsah | sêsêg-sinêsêg gantya | wau Twan Mayor Tênangkus | têtulung pangêdrèlira ||

32. tan pêgat awanti-wanti | bingung balane pangeran | saking kadrêsan mimise | mantrine kabranan tiga | nulya mundur lon-lonan | kang surya wus nunggang gunung | Kumpêni kèndêl drèlira ||

33. dening kasaput ing ratri | Kumpêni makuwon samya | anèng Burêng sabalane |

--- 5 ---

Pangeran Mangkunagara | dalu-dalu lumampah | angilèn anjujur gunung | tan sagêd dhahar myang nendra ||

34. kèndêl wanci madya ratri | byar rina lajêng lêlampah | angilèn menggok mangalèr | kèndêl dhusun Samêlaran | atata pamondhokan | gantya wau kang winuwus | ingkang baris Panambangan ||

35. sira risang nindyamantri | rêmbagan lan pra bupatya | arsa anglanggar barise | Pangeran Pamot kang ana | ing Gubug Angin desa | ingkang kêkalih tumênggung | kinèn têngga Panambangan ||

36. soldhadhu dharat Kumpêni | satus tinilar sadaya | miwah mariyêm kalihe | amung tumênggung sakawan | kang binêkta anglarag | Alpèrès Wati kang tumut | Walandine mung têtiga ||

37. wontên sèwu gunging baris | budhal saking Panambangan | kang dadya senapatine | Dyan Dipati Pringgalaya | gantya kang winursita | Kapitan Kop nusul ngidul | atilar ing Sukawatya ||

38. Tuwan Hondhorêp manggihi | tan antara praptanira | baris ing Pranaragane | orêg wong ing pabarisan | dêdamêl agêng prapta | gumuruh swarèng wadyagung | turôngga tanpa wilangan ||

39. wontên kang atur upêksi | yèn Dipati Pranaraga | ingkang prapta sabalane | Tuwan Hogêndhorêp mapag | sajawining pondhokan | Tuwan Kapitan Kop tumut | andulu untabing wadya ||

40. pirang bêbulak kaèksi | kèbêkan dening turôngga | Kapitan Kop gèdhèg-gèdhêg |

--- 6 ---

dipatine maksih têbah | pangarsa wus balabar | apelag busananipun | sampêt pirantining yuda ||

41. adangu dènira nganti | praptane bupatinira | ngiwa nêngên pangarsane | wus kèbêkan sakèh papan | wuri gili tan kêndhat | kadya mêndhung angêndhanu | magêrsarine kang ngayap ||

42. ngampil pacara dipati | para putra tigang dasa | prasamya amandhi towok | sinami rasukanira | warata bludru rêta | nyamping wora-wari rumpuk | nindhihi bala pangarsa ||

43. datan antara kaèksi | Dipati Suradiningrat | nadyan wus kathah putrane | wangune kadya jêjaka | rasukan bludru rêta | rinenda mas nyampingipun | ran samboja madukara ||

44. amangking curiga katri | sêsingêl têlaga muncar | sang adipati praptane | age tumêdhak sing kuda | gapyuk arêrangkulan | lawan Hogêndhorêp Mayur | mayor adrês ingkang waspa ||

45. uwal astane kinanthi | sapraptaning pamondhokan | tabean Kapitan Êkop | Mayor Tênangkus tabean | sawusnya tata lênggah | mayor maksih sênggruk-sênggruk | sang dipati nênggak waspa ||

46. kalih karantan ing galih | duk kawon prang ing Puhbuta | dalu pêtêng mung wong loro | wusnya lilih mayor mojar | dene nora kayaa | datan nyana raganingsun | bisa têmu lan si bapak ||

47. milane bapak ing mangkin | wus nêm warsa tan sumewa | nora

--- 7 ---

runtik sang akatong | panukune duk samana | panêbasing kapenak | Tênangkus lan Kop anjêtung | miyarsa pirêmbagira ||

48. wau Radèn Adipati | Suradiningrat têtanya | mring tuwan Kapitan Êkop | sudara karya ing ngrika | punapa sampun rata | kapitan nauri wuwus | tangèh sagêda warata ||

49. sampun bêdhah Sukawati | nanging tan angsal têlukan | yèn mangetan miwah ngalèr | taksih tan kêna ingambah | Dipati Pranaraga | tanya malih wuwusipun | punapa kônca kawula ||

50. bupati môncanagari | barise dèrèng anunggal | lingira Kapitan Êkop | pindho damêl yèn sagêda | tunggil baris lan kula | inggih dèn adhangi mungsuh | sintên kang sudara têdah ||

51. Dipati Pranaraga ngling | sudara kang kula patah | bupati sanga cacahe | sami lan kang kula bêkta | prajurit kêkapalan | langkung saking tigang èwu | cacah wong wontên salêksa ||

52. kalanipun kula maksih | wontên ing kitha Kaduwang | samya prapta utusane | Bupati Madiun Japan | Balora Jagaraga | Kalangbrèt Kartasanèku | Ngawi Ngrawa lan Caruban ||

53. anèng Bayêm gènnya baris | botên sagêd tumindaka | pangerane ngadhang dhewe | beda lan pangeran kathah | nyokot kuping yèn aprang | kalamun kônca tumênggung | adoh saking prajanira ||

54. nagrine nuli dèn broki | kônca bupati kèwêdan | Kapitan Kop gèdhèg-gèdhèg | Dipati Suradiningrat |

--- 8 ---

mring Hondhorêp têtanya | ngriki paran wartinipun | ênggène Mangkunagara ||

55. mayor anauri aris | kula kaecalan lacak | tan uning mangke dununge | yèn têranga kula langgar | dene kalih kang mêngsah | bapak sayêkti wus ngrungu | padha nome wong Sêmbuyan ||

10. Angubrês Sultan Dhandhun Martèngsari, Pangeran Singasari.

12. Sinom

1. tuwan kula amiyarsa | Sultan Dhandhun Martèngsari | ing Kasine wus dèn tilar | angungsi wontên ing Lincip | ing Pidêksa kang ardi | wontên guwane asirung | amot wong kalih dhomas | korine amung satunggil | prajurite kabêkta ngili sadaya ||

2. kawarti êlèr punika | Pangeran Amangkubumi | balane pating salêbar | lor kidul wetan dèn jègi | ting kulicir yèn enjing | tan kantênan prênahipun | wong saba botên kêna | tinêmpuhan nganan ngeri | mayor kalih alon dènira manabda ||

3. Mring Dipati Pranaraga | suwawi ing benjing-enjing | bêkta batur sawatara | ing Kasine yun udani | kuthane mungsuh jirih | kadiparan rakitipun | dene jumênêng nata | Sultan Dhandhun Martèngsari | anauri Dipati Suradiningrat ||

4. dhuh tuwan môngsa pelaga | wong rêraton wontên wukir | punika pangeran ala | balane [bala...]

--- 9 ---

[...ne] maksih sakêdhik | nuli jumênêng aji | sayêktine botên arus | daya wania aprang | amung bêbujung pawèstri | yèn pinaran gancangan ngili kewala ||

5. liwat saking botên layak | mangkana sang adipati | balane wus sinung prênah | pakuwon sampun rinakit | amung kèndêl sawêngi | enjang têngara gumuruh | mayor kalih wus mangkat | lan Dipati Pranaragi | prajurite dharat namung kawan dasa ||

6. wontên sewu kang turôngga | dragundêr satus pinilih | lan sagung kang pra bupatya | ing marga datan winarni | ing Kasine wus prapti | dêdamêl kèndêl nèng ngriku | wontên lun-alunira | mayor kêkalih ngubêngi | aningali wangunan rakiting kitha ||

7. parentah ngubrês gènira | Sultan Dhandhun Martèngsari | dêdamêle pinarapat | tinindhihan ing bupati | ing Kapidêksa wukir | pinaranan gya kinêpung | wiwaraning kang guwa | wusnya binuka nulyaglis | ingêdrèlan sanjata kaping sadasa ||

8. apêtêng sajroning guwa | pinggir guwa dèn isèni | bêbêlaning alang-alang | jinêjêl sinulêd gêni | murub pating jalêrit | kang anèng pinggir gènipun | têngah gègèr puyêngan | pangrasane dèn lêboni | kalatakakalantaka. dhang-dhêng muni jaban guwa ||

9. tuwan mayor sakalihan | gumujêng alatah sami | awit sultane tan ana | mung para dyah ting jalêrit | sêsambate dharindhil | ngaruara manrês kalbu | dadya kalangkung wêlas | wau twan mayor kêkalih |

--- 10 ---

sumawana dipati ing Pranaraga ||

10. rêmbag tinilar kewala | guwa datan dèn lêbêti | kasaru ing praptanira | wong padesan tur udani | yèn Pangran Singasari | punika pisah gènipun | palajênge mangetan | anilap urut pasisir | awêwarta mring mayor sang adipatya ||

11. yèn Singasari Pangeran | mangetan turut pasisir | nulya age tinututan | Kumpêni Jawi sapalih | angidul ngetan sami | anglud ing salacakipun | dhusun ingkang kamargan | kèh wisma kang dèn obongi | lampahira dèn anut têkèng Pacitan ||

12. datan kapanggih wus ilang | Jêng Pangeran Singasari | kang bujung wangsul sadaya | marang ing Kasine malih | mayor lan adipati | nèng Kasine sangang dalu | sagung bêbêkêl desa | kang têluk sami ngaturi | marang mayor satuse pêndhok sakawan ||

13. prasamya pêndhok kancana | Hogêndhorêp kang nampèni | patêluke wong padesan | ugêr salawe satunggil | saking petang pinanggih | sampun angsal pêndhok satus | akathah langkungira | tuwan mayor sukèng galih | duk samana wangsul mring Burêng barisnya ||

14. kang kantun Kasine samya | para mantri Pranaragi | ingkang angubrês Sêmbuyan | santana putra nindhihi | saking Burêng agilir | kang turôngga pitung atus | tuwan mayor miyarsa | lamun sang anindyamantri | ngirabakên baris mukul Pamasaran ||

15. Alpèrès Wati [Wa...]

--- 11 ---

[...ti] binêkta | môngka kanthining ajurit | mayor sigra pêparentah | mring Jawikrama Bupati | binêktanan Kumpêni | dragundêre patang puluh | wong Bali kalih bêlah | prajurit môncanagari | pitung atus ingkang sami kêkapalan ||

16. saking Burêng wus umangkat | mangilèn anjujur wukir | anjog kidul Pamasaran | Pangran Pamot kang dèn pinrih | mudhun mangalèr sami | Pringgalaya barisipun | Gubug Angin wus bêdhah | mangilèn Alpèrès Wati | Pamasaran Pangeran Pamot wus nilap ||

17. mangidul minggah ing arga | kapêthuk bala Kumpêni | lan Tumênggung Jawikrama | gepak ngilèn sawadyèki | lajêng anilap malih | pisah lan punggawanipun | kalih pangkat bupatya | tumênggung ingkang wêwangi | Suramangunjaya lan Suradigdaya ||

18. binujung saparanira | wau tumênggung kêkalih | wus angilang marang wana | jro jurang kang dèn ungsèni | dadya kelangan lari | sakathahe kang bêbujung | sami wangsul sadaya | marang pabarisan malih | kang tinilar amung mantri pêpacêkan ||

19. amacak mantri sadasa | sira sang anindyamantri | saurut panggenan mêngsah | sami pinacêkan mantri | wau ta kang winarni | Hogêndhorêp lan Tênangkus | anggêlêngakên rêmbag | margi kang mring Sukawati | aywa kongsi samar sumêlang kang ngambah ||

20. Tumênggung Yudanagara | ing Banyumas kang tinuding | abarisa Pacangakan | miwah sawetaning malih | kanthi priyayi nagri | kaliwon mantri panèwu | nyarêngi [nya...]

--- 12 ---

[...rêngi] antukira | Kaptin Kop mring Sukawati | kang angatêr para mantri Pranaraga ||

21. pitung atus kang turôngga | Kapitan Kop wusnya pamit | saking Burêng sigra budhal | mantuk marang Sukawati | sarêng kang sami baris | urut Pacangakanipun | Tuwan Êkop Kapitan | tumut nitik gèning baris | kang prayoga kilèn Matesih Sêkaran ||

22. tri ari tuwan kapitan | tan laju mring Sukawati | myat tataning barisira | Tumênggung Yudanagari | lan Môndaraka Mantri | anarubakên wong dhusun | kapitan lan rahadyan | Tumênggung Yudanagari | lêlênggahan nèng pandhapa pasanggrahan ||

23. tuwan kapitan manabda | sudara mugi nêksèni | upami para pangeran | kang dadya mêngsah puniki | yèn bangkit bêdhah nuli | ing Pranaraga karêbut | kula apan pratignya | botên ngambah nagri Jawi | atêtanya Tumênggung Yudanagara ||

24. mila sudara pratignya | Kapitan Kop angling malih | dene kathah kang gêgaman | sêmbada prabote bêcik | wadya môncanagari | mung sapalih watinipun | kang koningan ing kula | kawêngku ing Pranaragi | sapangiwa kang têngên dèrèng uninga ||

25. Tumênggung Yudanagara | angungun duk amiyarsi | ing dalu datan winarna | budhal marang Sukawati | tan winuwus ing margi | barisan Gêbang prapta wus | kapanggih sang dipatya | Sindurêja awêwarti | sabên dalu tiwas mati kang barduwak ||

26. tuwan tan kenging kinôntha | riwuke

--- 13 ---

wong Sukawati | sok matèni wong barduwak | lah kadiparan ing mangkin | Kapitan Kop nauri | kula utusan mangidul | kathah mungsuh ing ngrika | ananging ènthèng ing jurit | nadyan kêdhik ing ngriki awrat sinôngga ||

27. Kapitan Kop gya utusan | mawi srat mring mayor kalih | minta bantu wit kawratan | wus umêsat kang tinuding | sapraptane ing wukir | barêng pabarisan agung | laju katur kang sêrat | mring tuwan mayor kêkalih | tinurutan sigra mayor pêparentah ||

28. bupati jroning nagara | Mlayakusuma tinuding | ngirid sapanêkarira | sakathahing para mantri | lawan Mangunnagari | samantri panèwu sèwu | dragundêr kalih dasa | tigang dasa kang lumaris | lampahira angalèr Gêbang pucungan ||

11. Pangeran Mangkubumi saking rêdi ing Garigal anggêpuk ing Grobogan sarta ing Dêmak.

13. PocungTeks asli: Pucung.

1. cacahipun ing dêdamêl wontên sèwu | kalêbêt kang dharat | wadya Jawa lan Kumpêni | lampahira wus prapta barisan Gêbang ||

2. lan Dipati Sindurêja wus apangguh | myang tuwan kapitan | gya sinung pakuwon sami | samya asrêp tyase wong sapabarisan ||

3. kunêng gantya ing mangke ingkang winuwus | kang anèng Garigal | Jêng Pangeran Mangkubumi | wanci [wa...]

--- 14 ---

[...nci] dalu nimbali para punggawa ||

4. pra tumênggung sadaya wus praptèng gunung | sumiwa ing ngarsa | pangeran ngandika aris | hèh sakèhing bocah sun amundhut rêmbag ||

5. lamun sira jumurung sun arsa mudhun | laju mring Grobogan | anggitik baris Kumpêni | kang atugur nèng kuloning Garobogan ||

6. baris iku yèn kongsia nabrang ngidul | sakèh abdiningwang | wong ing tanah Sukawati | yêkti bênthèt akeron kuwur tyasira ||

7. pra tumênggung umatur sèwu jumurung | lêrês karsa tuwan | amantêpa para abdi | sampun ngantos sèdhèng mring liyan panyipta ||

8. wusnya rêmbug sigra siyaga wadyagung | têdhak saking arga | sagarwa putra tan kari | laju ngalèr mangilèn anjog Galagah ||

9. pra tumênggung ingkang pitu kinèn kantun | tiga kang binêkta | dene kang kantun ing wuri | samya kinèn ambêbidhung baris Gêbang ||

10. garwa putranipun pangeran tan tumut | tinilar ing Ngrancang | pangeran lampahe prapti | Garobogan lan Dipati Pugêr panggya ||

11. aturipun yèn paduka arsa gêpuk | Kumpêni barisnya | ing Winong tanggêl samangkin | lèpènipun agêng tan kenging sinasak ||

12. jêng pangeran mêksa adrêng karsanipun | kinèn karya sasak | Dipati Pugêr nuruti | tan adangu punang sasak sampun dadya ||

13. barisipun Kumpêni sampun angrungu | yèn pangeran prapta | arsa anglanggar ing jurit | tuwan [tuwa...]

--- 15 ---

[...n] mayor anambur ngundhangi bala ||

14. karsanipun andhingini nêdya mukul | barise pangeran | aywa kongsi dèn lurugi | wus samêkta sakapraboning ayuda ||

15. sampun mêtu mayor laju lampahipun | Wlônda kawan dasa | kawan atus Bugis Bali | praptèng kali têmpuk nabrang rêbut sasak ||

16. ngundur-undur pangeran sabalanipun | mring papan kang lêmpar | Kumpêni mangsah ngêdrèli | tarung lèrès tinuntun mring papan wiyar ||

17. lêt sadhusun amanggih bêbulak agung | sigra ingabanan | nêmpuh kang para prajurit | campuh bêdhil-binêdhil atri swaranya ||

18. yudanipun wong Kumpêni dèn bêbingung | kinitêr kinalang | ing turôngga kanan keri | amistuli yèn ingêdrèl giniwaran ||

19. dangu-dangu Kumpêni kaku tyasipun | kang dharat wus sayah | ambêkane ting karêmpis | tinarajang ingamuk punggung kèh pêjah ||

20. tuwan Mayor As kêni tinumbak lampus | Bugis Bali kathah | kiwul ulêng ing ajurit | janma Bugis kang kajodhi pitung dasa ||

21. Wlônda putih ingkang pêjah wolu likur | sisane sar-saran | palayune rêbut urip | binabujung abuyar pating salêbar ||

22. numbuk-numbuk kang bujung pating galuguk | langkung kasarakat | Kumpêni kang maksih urip | ngungsi maring Dêmak tanapi Samarang ||

23. balanipun pangeran para tumênggung | Dyan Samadipura | Tumênggung Suryanagari | katigane Tumênggung Ranadiningrat ||

24. samya [sa...]

--- 16 ---

[...mya] anglud maring Dêmak ambêbujung | lan Dyan Martalaya | Kumpêni kang dèn kêkinthil | jêng pangeran anusul anèng ing wuntat ||

25. praptanipun ing Dêmak laju angêsuk | bupati ing Dêmak | Tisnawijaya kang nami | mapag yuda datan bangkit ngudhilana ||

26. samya kuwur anut kang lumayu kawur | ngungsi mring muara | kang lumayu mring Samawis | amakêtêr giris miris tansah uwas ||

27. Rôngga Tisnawijaya matur kumêndur | lamun kitha Dêmak | wus kancikan mêngsah mangkin | satumpêse Kumpêninipun Mayor As ||

28. twan kumêndur dahat dènnya nêrêng bêndu | sigra pêparentah | kang mêdal laut rumiyin | Twan Kumêndur Teling arsa miyos dharat ||

29. ya ta wau jêng pangeran praptanipun | anèng kitha Dêmak | kidul lan kang dèn êbroki | mangun suka dene jarahane kathah ||

30. kalih dalu Kumpêni kang mêdal laut | kèndêl asamêkta | amêndhêti baitalit | arsa mudhik Dal warsa mukul pangeran ||

31. Wlônda satus Mayor Pal têtindhihipun | Bugis kalih bêlah | satus prajurite Bali | dalu-dalu mudhike marang jro kitha ||

32. balanipun pangeran sami katungkul | byar mêngsah praptanya | Kumpêni gya jujug kori | tarung kagèt arame rêbutan papan ||

33. karsanipun pinanggihan yudanipun | wontên tur uninga | yèn kumêndur badhe prapti | mêdal dharat ambêkta prajurit kathah ||

34. sêdyanipun sinupit ing prang sinêlut |

--- 17 ---

Dyan Samadipura | ambêdhah Gêbyog ing wuri | pagêr bumi kidul wetan kang dèn bêdhah ||

35. wismanipun ingobongan sarwi mêtu | mangidul mangetan | kèndêl Godhong tata baris | wong Kumpêni angêbroki kitha Dêmak ||

36. ya ta wau Kumêndur Teling prapta wus | kalawan Mas Rôngga | Tisnawijaya kang ngiring | atêtanya êndi ênggone pangeran ||

37. tuturipun Mas Rôngga mungsuh kang rawuh | kang ngancik ing Dêmak | Pangeran Amangkubumi | yèn kapara nyata dene nuli nilap ||

38. aturipun wong Dêmak ingkang dinangu | tuwan dèrèng nyata | dene balane mung kêdhik | tan wontên wruh yèn nyata miwah dedea ||

39. twan kumêndur duka Mas Rôngga ginêbug | ingaranan dora | kaping nêm Mas Rôngga eling | kaping pitu Mas Rôngga nyandhak ukiran ||

40. ngingêr dhuwung amanthêlêng netyanipun | gya rinêbut kathah | garêjêgan samya nyapih | twan kumêndur nitih kuda sigra mangkat ||

41. nyandêr mamprung lawan dragundêre satus | wangsul mring Samarang | Mas Rôngga tan anyarêngi | sabalane lampahe alon kewala ||

42. ya ta wau Kumpêni prasamya ngrungu | lamun mêngsahira | anèng Gêgodhong anganti | sigra budhal baris Kumpêni anglarag ||

43. pra tumênggung kêkalih ingkang tumutur | Gêgodhong mèh prapta | Jêng Pangeran Mangkubumi | wus miyarsa sigra angêrakit bala ||

44. nèng ra-ara ginêlaran yudanipun |

--- 18 ---

baris pinarapat | jro padesan dèn sinungi | para mantri pinilih wantêring yuda ||

45. wong Kumpêni prapta laju drèl gumrudug | mungsuh giwar ngiwa | Kumpêni lagya ngisèni | sinarêmpêng tinumbakan kathah kêna ||

46. mundur ngidul angetan sigra tinêmpuh | kang kulon anyêrang | kang kidul mêlak bêdhili | nolih ngidul kang wetan nêmpuh anunjang ||

47. dadya bingung Kumpêni malêbèng dhusun | amêmpên sêdyanya | dhusun sampun dèn ênggèni | lagya manjing ingamuk kathah kang pêjah ||

48. saya bingung ting palinguk numbuk-numbuk | kalih kang bupatya | lan tuwan mayor anggêndring | nyandêrakên kuda ngungsi mring Samarang ||

49. sutanipun Atmanagara Tumênggung | ran Martawijaya | nungkul pinacak bupati | sinung nama Dyan Tumênggung Suranata ||

50. kitha Dêmak ingkang êlèr lungguhipun | dene kang kidulan | ingkang pinacak bupati | Sumajaya kaprênah pulunanira ||

51. Pangran Wijil pradikan ing Kadilangu | sêmbada ing warna | pasêmon sudirèng jurit | nama Pangran Tumênggung Gadamastaka ||

52. ya ta wau bupati ingkang lumayu | praptaning Samarang | sarêng lan bala Kumpêni | salang tunjang datan angetang wêwirang ||

53. laju marêk tur uning tuwan kumêndur | sarèh ing ayuda | purwa madya amêkasi | langkung ngungun dene prang ngidêri kilang ||

--- 19 ---

12. Kumpêni ngubrês Pangeran Pamot lan Pangeran Mangkunagara.

14. Dhandhanggula

1. gantya ingkang kawuwusa malih | Pangran Dipati Mangkunagara | kang binujung saparane | tinut ngalor angidul | mudhun jurang sumêngkèng wukir | ngucira kabarasat | ngalintêr anglantur | amubêng ubêng-ubêngan | sabên-sabên pinaranan angoncati | ngunthul kaponthal-ponthal ||

2. dunungipun tansah ngolah-ngalih | sakalangkung ing musakatira | tan bangkit nadhah myang sare | Akas Mayor Tênangkus | nora wangwang ing rina wêngi | angodhol lampahira | lan Gêndhorêp Mayur | angilang-ilang kinalang | kinarakat jinujul barojol maring | anjog nagri Mataram ||

3. samya kèndêl anglampahkên têlik | awit saking kaecalan lacak | mangkana mayor kalihe | amidhangêt pitutur | yèn wus anèng nagri Matawis | manggèn anèng Saminan | ing Bradhasan dhusun | mayor kalih arsa nglarag | ingkang kinèn kantun anèng Burêng baris | Dipati Pranaraga ||

4. punggawane Radèn Adipati | Suradiningrat ing Pranaraga | pinilihan ingkang sae | wahana kuda sèwu | lan sagunging dragundêr Wlandi | Tumênggung Jawikrama | ingkang kinèn tumut | ri sampunira samêkta | laju budhal lampahe pinara kalih | prajurit Pranaraga ||

5. gangsal atus [a...]

--- 20 ---

[...tus] tumut mêdal margi | Parambanan Tênangkus Mayornya | kang gangsal atus malihe | Tuwan Gêndhorêp Mayur | mêdal wukir anjog Magiri | praptane ing Mataram | Jawinata mêthuk | Tênangkus Mayor tabean | nèng pakuwon sinuba-suba mênuhi | dahat sukaning driya ||

6. Hogêndhorêp wus praptèng Magiri | Radyan Tumênggung Jayawinata | arsa mêthuk sawadyane | bêndhenira angungkung | prajurite samya miranti | ingkang wahana kuda | wontên pitung atus | akotang baludru rendan | nyampingira anaracak cara Bali | pancèn langking lancingan ||

7. anggaring kang curiga binudir | para mantri samya sinongsongan | abra sinang busanane | sêmune ambêk purun | asarigak branyak jêlanthir | kadya wayang lanyapan | mantri ing Matarum | lamun cinôndra ing warna | anglir pendah rajaputra dwarati |Kurang satu suku kata: anglir pendah Rajaputra Dwarawati. kang parab Radèn Sômba ||

8. sigra budhal saking ing Matawis | Mayor Tênangkus mèsêm têtanya | gawok sajroning driyane | sudara Dyan Tumênggung | Jawikrama kula tingali | solahe wong Mataram | myang pasikonipun | bèntên lan tyang Pranaraga | Dyan Tumênggung Jayawikrama nauri | inggih lêrês yèn beda ||

9. Pranaraga nama tiyang wukir | wangsul ing Mataram parêk raja | mila yêkti lamun kacèk | Tênangkus manthuk-manthuk | tan antara budhaling baris | Hogêndhorêp wus prapta | balane gumuruh | laju manjing pasanggrahan | wusnya tabe [ta...]

--- 21 ---

[...be] Hogêndhorêp têtanyaris | pundi gène pangeran ||

10. Jayawinata nauri aris | pangran sawadyane nèng Saminan | nging wus bibar malih ngalèr | amangetan kang purug | ing Pambrêgan mangidul malih | tuwan mayor kalihnya | myarsa langkung jêtung | jêlu tyas angangah-angah | dene pangran sabên pinaran ngoncati | dadya nglêrêmkên wadya ||

11. wusnya nèng Ngayogya tigang ari | tuwan mayor kalih gya budhalan | kêbut sawadyabalane | maksih kadya rumuhun | Hogêndhorêp kang mêdal wukir | kang mêdal Parambanan | Twan Mayor Tênangkus | ingiring pra wadya Jawa | Tuwan Mayor Tênangkus mèt sukèng galih | mupung wruh tanah Jawa ||

12. Hogêndhorêp wau kang winarni | sampun prapta Ponjong pangungangan | mayor apasang gêlare | buwang kêton rongatus | dèn sinungkên têtiyang dèsi | kinèn anuduhêna | umpêtaning mungsuh | lagya kèndêl tigang dina | anèng Ponjong wontên kang matur bêbisik | ênggènipun kang mêngsah ||

13. Pangran Pamot nèng Katongan dhelik | namur lampah momor wong padesan | amung pêpitu abdine | marma tan wontên kang wruh | Tuwan Mayor Gêndhorêp aglis | milih wong Pranaraga | kang nate mêmandung | antuk tiyang tigang dasa | bupatine sakawan ingkang kinanthi | bêkta rowang anglima ||

14. marginipun saking kilèn rumpil | saking êlèr jurang jro kalintang | saking kidul jurang lèpèn | saking wetan asirung |

--- 22 ---

nanging kêna pinêksa ugi | kang mêtu saking wetan | kinèn wong rongpuluh | nênêm kang sikêp sanjata | wus kêkangsèn angkate satêngah katri | saking baris ngungangan ||

15. tan kawarna ing marga wus prapti | mayor kêdah ngêntosi byar enjang | kuda dèn tilari kabèh | dupi byar minggah sampun | mayor gendhong bêdhil pribadi | kang munggèng ngarsanira | mung janma têtêlu | anèng wuri gangsal wêlas | praptèng latar dèrèng wontên tiyang tangi | Hogêndhorêp mangetan ||

16. ingkang mêtu wetan wus kapanggih | sami dhêpès kinèn sami minggah | jagi wetan bubuhane | wus pênêd rakitipun | wong kang turu ngèmpèr kêkalih | sêmune punakawan | anulya pinêstul | sirah pêcah kapisanan | satunggile tangi garegah binêdhil | agundam wus palaskra ||palastra.

17. nulya surak samya ambêdhili | wisma ingkang dèn gèni pangeran | pating jalêrit swarane | mayor mangalèr sampun | pangerane ambêdhah wuri | mêtune reyab-reyab | datan mawi sabuk | mung nyamping siji kewala | gya pinêstul tan kêni lumayu gêndring | nêmpuh byat glundhung jurang ||

18. tinututan binêdhil ping kalih | lêpat namung angengingi wrêksa | nanging arêmpu srirane | sirah katanggor watu | tunggak êri padhas myang curi | sapraptanirèng ngandhap | jurang jro anyamut | pangeran langkung kantaka | mayor wangsul wong lanang kacandhak urip | nênêm ingkang binônda ||

19. jarahane sadaya

--- 23 ---

binagi | kang kadarbe ing mayor piyambak | wontên sèwu pangajine | sakawan dhuwungipun | mawi carabalèn satunggil | prabot sarwa kancana | de kang prabotipun | salaka amung sajuga | bêruk êmas cakur mas karga mas adi | anggar mas katimang mas ||

20. kancing pêpitu gagrag mas sami | rasukane pra tumênggung alas | amung ingambil kancinge | têtêp pangaji sèwu | langkung tigang atus watawis | mayor kalangkung suka | wong nêm kang kapikut | ingkang kalih punakawan | pinêjahan kang sakawan tiyang alit | linuwaran kewala ||

21. mayor mèh antuk pangran satunggil | manah ayêm tan kinèn ngupaya | ing jurang pangran ênggène | anèng Ponjong sadalu | wangsul ngetan mring Burêng malih | dene ingkang tinilar | nèng Ponjong atugur | mung para mantri Mataram | kang pinacak wuwusên kang dèn ulari | Pangran Mangkunagara ||

22. sapraptane saking ing Matawis | mubang-mubêng nèng wukir kewala | ngetan angidul angalèr | ngoncati yèn binujung | kasarakat kang para abdi | ya ta pangran miyarsa | yèn Majasta dhusun | kanggenan baris Walônda | kawan dasa pangirid Alpèrès Wati | amung prajurit dharat ||

23. wontên sèwu prajurite Jawi | tindhih Adipati Pringgalaya | ya ta pangeran karsane | arsa dhatêngi nêmpuh | dene bala Kumpêni kêdhik | tur adharat kewala | ènthèng sanggènipun | Kumpêni mung kawan dasa | Danawarsa tinari dipun bubuhi |

--- 24 ---

magut wong kapatihan ||

24. kanthi Kartadirja Angabèi | Puspawijaya katiganira | Jayasimpangan kapate | dene kalimanipun | Mantri Malangdrigama nami | kang anglanggar Walônda | wadya jro sadarum | sawusnya dadya kang rêmbag | pangran budhal sawadya Majasta prapti | sigra anêmpuh yuda ||

25. Alpèrès Wati gancang ngabani | bala Kumpêni kang rakit panggah | anambur barêng lan êdrèl | pangeran balanipun | mantri jêro ngilês turanggi | Kumpêni gulagêpan | nênêm ingkang lampus | Tumênggung Kudanawarsa | sigra nêmpuh wong Pringgalayan nadhahi | rame ulêng-ulêngan ||

26. ngilês ing prang katulak ing bêdhil | saragêni Pringgalayan kathah | tinunjang binidhung bae | kapalan wongsal-wangsul | wong Kapringgalayan anêbih | dadya tan magut yuda | pijêr ting palinguk | tan kongsi dangu kang aprang | wontên patrol saking baris Burêng prapti | mêdhun ing Katêguhan ||

27. wontên sèwu cacahe kang baris | lawan turôngga môncanagara | arsa mangilèn lampahe | kèndêl dupi angrungu | êlèr kathah sanjata muni | mila wangsul kang nganglang | angalèr gumrudug | prasamya adhehan nyongklang | Pangran Mangkunagara duk aningali | gya mundur saha wadya ||

28. amangidul lajêng minggah wukir | mungsuh prasamya bêrêg sêdyanya | pangeran alon lampahe | arsa wangsul atangguh | langkung èwêd balane sami | kèh ngrangkêp bêbandhangan | milanipun [milanipu...]

--- 25 ---

[...n] laju | Adipati Pringgalaya | taksih ngusir kalawan bala Kumpêni | laju mring Pamasaran ||

29. kasaput ing dalu wong Kumpêni | sami makuwon ing Pamasaran | wau pangeran lampahe | sanadyan wanci dalu | datan kandhêg mêksa lumaris | langkung ing wingkingira | pabarisan agung | salèring Burêng angetan | kang barduwak uninga sinapa bêdhil | sinungsun kaping tiga ||

30. sawêg sami nadhah wong Kumpêni | pukul sawêlas sanjata munya | ênggèn barduwak prênahe | datan pantara dangu | kang barduwak atur udani | yèn wontên kêkapalan | langkung tigang atus | kadi punika pangeran | mayor kalih sigra parentah ngundhangi | asiyaga turôngga ||

31. analamur lampah tan katawis | wontên kuda sèwu kapat bêlah | anjujul dalu lampahe | ngidul ngetan tinurut | salasahe ingkang tinitik | sampun untap-untapan | wau lampahipun | kèndêl nèng Dhawe pangeran | byar raina Kumpêni prapta bêdhili | gugup palajêngira ||

32. ngidul ngetan minggah graning wukir | balanira ibêk kathetheran | Kumpêni anut lampahe | anjog ing Ardi Sèwu | apan sampun kecalan lari | mayor wangsul kalihnya | mring pakuwonipun | barisan Burêng wus prapta | ri saksana nglampahkên têlik anglari | kang anggambuh panggenan ||

--- 26 ---

13. Kumpêni wontên ing Burêng kenging apusipun Surajaya.

15. Gambuh

1. tantara arinipun | wusnya rêrêm Twan Mayor Tênangkus | lawan Hogêndhorêp samya gunêm pikir | mrih enggal sirna kang mungsuh | sakecane kang linakon ||

2. awit saking pakewuh | de kang mungsuh ngendrani tan tangguh | dadya têtêp atap nèng Burêng abaris | yèn mrawasa ngalèr ngidul | parêk datan kongsi adoh ||

3. marma kalangkung prêlu | matah wadya kang jaga dêlanggung | saking Burêng anjog Surakarta nagri | karêksaa wong kang ngintungintun. | ywa manggih bêbaya ing don ||

4. wus gêlêng ingkang rêmbug | Hogêndhorêp lan Mayor Tênangkus | atanapi Adipati Pranaragi | katur nindyamantri sampun | Pringgalaya wus rumojong ||

5. Tumênggung Singaranu | wong numbakanyar bupatinipun | sapanêkarira panèwu myang mantri | miwah saprajuritipun | kang kinèn jagi pakewoh ||

6. anèng ing lurung-lurung | ingkang samya kamargan wong ngintun | wus siyaga kang tinuduh pacak baris | budhal sabala gumuruh | sikêp kaprabon prang popor ||

7. baris lèr Wijil gunung | ya ta wontên mungsuh ingkang rawuh | wadyanira Pangeran Mangkunagari | gêgêdhêgi juligipun | sabên wong ngintun sinêbrot ||

8. Surajaya Tumênggung | Sewataranata julukipun | rowangira [ro...]

--- 27 ---

[...wangira] pitung puluh nora luwih | praptane barisan bidhung | nanging datan purun tanggon ||

9. duk samana binujung | dening barisipun Singaranu | palayune anggubêd jêbul ing wuri | mrêpêki maring prajagung | jêbul wetan jêbul kulon ||

10. tan antara gya wangsul | prapta malih binêrêg lumayu | jêbul babad krura mangkrak ngêngobongi | linanggar gagal mangidul | binujung gubêd mangalor ||

11. wanci baskara surup | Surajaya lan sarowangipun | mara sandi mindhik-mindhik arsa dingkik | barisipun Singaranu | kang yun linurah ing pangrok ||

12. rêm-rêm sirêm manêmpuh | mangsah jroning barisan dharusul | ngamuk punggung panggah lir manggala gêdhig | kang tinêmpuh kuwur mawur | mung sakêdhik kang prang popor ||

13. tikêl pat rowangipun | kathah wadyanipun Singaranu | nging tan nyana lamun mêngsahipun prapti | Dyan Tumênggung Singaranu | panggah ing prang têmah layon ||

14. samana sampun katur | maring tuwan mayor kalihipun | katigane katur risang nindyamantri | yèn Singaranu Tumênggung | kasambut madyèng palugon ||

15. Mayor Hondhorêp bêndu | briga-brigi paran baya iku | mantri desa bisa matèni bupati | apa tan merang ing kalbu | Pringgalaya kang mangkono ||

16. ing wuri sapa kang wruh | pra pangeran ingkang dadi mungsuh | gawe gita tikêl pitu lan ing mangkin | ingsun amerang kalangkung | lamun kapanggih sang katong ||

17. mangkono sigra

--- 28 ---

nambur | kaku tyase Hogêndhorêp Mayur | kalih èwu kêkapalan kang dèn irid | kinêrig para tumênggung | wêngis wicarane mayor ||

18. gêni têmên tyasipun | daya-daya wruha dhapuripun | cêcakruke Si Surajaya trayoli | de ombak gumuna agung | angina lawating pelor ||

19. rewange mung wong dhusun | nora luwih mung wong pitung puluh | têka kumadibya matèni bupati | payo Surajaya amuk | aywa mingkar dipun tanggon ||

20. tanggulangên wong gêndhung | lamun arsa wruh sudiraningsun | baya sêbit kupingira ingsun gigit | gêgêlah mindha gul-agul | nora wurung amacothot ||

21. ngungsia jurang parung | èrèng-èrèng rêrayung ing gunung | môncawali putra môncawali putri | nuksmaa têtikus langu | mumbula langit dèn adoh ||

22. aji jaya nung-anung | kumpulêna yèn kewala ingsun | maksih wêruh saparan masthi sun ungsir | rasakna têtambanipun | wong kang nglanangi palugon ||

23. samana mangkat gupuh | pra prajurit kapalan rongèwu | pinarapat tinindhihan ing bupati | samya asêsumbar amuk | payo kene aprang popor ||

24. gancangan lampahipun | kang turôngga adhehan gumrudug | sakathahe wadya Kumpêni lan Jawi | juwêt asêsumbar amuk | yèn nyata kacung dèn tanggon ||

25. ing nalika puniku | kang pra upsir myang para tumênggung | para mantri mratah praptèng wadya alit |

--- 29 ---

mangan anginum lumaku | samya amuk wuwusing wong ||

26. wusnya lêpas kang laku | wontên wong desa ngaturi wêruh | lamun Surajaya umpêtan samangkin | anèng ing dhusun Waluyu | wus katur mring tuwan mayor ||

27. mayor parentah gupuh | maring sagung kang para tumênggung | dèn marapit gêlare apasang rakit | Surajaya yèn dharusul | ywa kongsi gagal marojol ||

28. duk mayor tampi tuduh | nuju kèndêl nèng Serenan dhusun | sigra budhal kang sèwu mangilèn sami | desa Waluyu dèn irup | ingkang wetan maro ênggon ||

29. mayor lan pra tumênggung | sampun manjing ing desa Waluyu | pinggir desa wus pêpêt kèbêkan baris | tarap kêpung dènnya ngêpung | sikêp sanjata myang waos ||

30. ngêrakat barisipun | wong pitung puluh dèn but rongèwu | Surajaya sampun amiyarsi warti | dadya bingung ting bilulung | sarowange lajêng ngalor ||

31. wus dalu wancinipun | rowangira samya ting palinguk | dene pinggir desa sampun dèn barisi | dadya wus anyipta lampus | Surajaya tansah dongong ||

32. kulithihan trapipun | sigra manggih rekadaya luhung | rowangira kinèn mindha sikêp sami | karya pikulan rongpuluh | têtiga ingkang ginotong ||

33. Surajaya pan sampun | amasang obor amung têtêlu | kang pikulan prasamya dinokok ngarsi | alok Surajaya amuk | jatine pikulan kothong ||

--- 30 ---

34. mangidul lampahipun | Surajaya lan sarowangipun | ing samarga-marga cangkême ngacuwis | alok Surajaya amuk | samêngko yêkti katanggor ||

35. binethetan wadhukmu | kanggo tontonan anèng marga gung | sinujenan wêsi bang kongsi maringis | sinêmpal-sêmpal baumu | ajur mumur dèn dhêdhêplok ||

36. wuri pikulanipun | ana kang ngidung sinom parêmbun | wênèh ana asmaradana kinanthi | ngêlak-ngêlik mêlang-mêlung | sinênggakan sarwi alok ||

37. wurine kang sumambung | gêgamêlan cangkême kumruwuk | kinêndhangan narunthung kadya thongthong grit | ayêm rarase tyas konus | tan môntra yèn namur lakon ||

38. kang baris anèng kidul | ngrungu swara wong mlaku kumruwuk | wontên juga panuwane pra minantri | Mêrtasura aranipun | kabangan lir kabarongot ||

39. dadya kalangkung bêndu | wêngis lanas sami caranipun | hèh mandhêga sira iku gênjik ngêndi | dene cocotmu kumruwuk | turut dalan alêlagon ||

40. lah apa ta gobogmu | gumarunggung lir guwa kang sirung | tan miyarsa para gêdhe anêdhaki | tuwan mayor kalihipun | arsa analikung mungsoh ||

41. ngubrês durung katêmu | sira kumaki nrang baris agung | datan kêndhat gêgêmbyakan acariwis | kurang ajarmu kalantur | nora nganggo angon kosok ||

42. apa talotok asu | dudu uwong mulane dharusul | yèn mangkono pantês [pantê...]

--- 31 ---

[...s] lambemu sun gunting | sun dublag bata cocotmu | lamun maksih angacêmong ||

43. Surajaya duk ngrungu | sarowange tan nêdya maèlu | ujar ingkang datan jujur ngrancam ati | wangsulane rum-rum tinum | ayêm pasanging pasêmon ||

44. dhuh-dhuh dara priyantun | sampun ganas mangku sêrêng bêndu | dinaliha yèn kawula tiyang alit | lêgêtane kirang emut | watara rêringa kothong ||

45. kawula tiyang pikul | kapatihan prapta arsa ngintun | para mantri ingkang samya andon jurit | mila cariwis kumruwuk | kinarya jampining angop ||

46. lan malih kula ngrungu | Surajaya arsa dèn talikung | sarowange yèn kacandhak dèn gêbiri | awit tuwan mayor bêndu | dèn ubrês dèrèng kapanggoh ||

47. anggèn kula kumruwuk | acarawak rèhning wanci dalu | bok ginagas sambang rapêt mung supadi | inggih botên karya kisruh | pangupayane kang mungsoh ||

48. Mêrtasura duk ngrungu | sakancane datan nyana tuhu | nêpsunira sakala lilih mangsuli | lah ya wis banjura wêdhus | gya laju lampahnya alon ||

49. praptèng kidul Waluyu | samya gumuyu pating galuguk | guguk kêkêl buwang pikulan matèni | obor sarwi nguwus-uwus | wakingsun tan malih bangkong ||

50. tan dadi tikus langu | maksih maujud manusa tuhu | mawa obor sinumêd padhang ngluwihi | suprandene tan ana wruh | kang dèn barisi mrêkongkong ||

51. samana sampun laju |

--- 32 ---

Surajaya lan sarowangipun | rinikatkên byar rina wus praptèng wukir | mayor ingaturan wêruh | yèn Surajaya wus lolos ||

52. inggih ing wau dalu | ngakên tiyang kapatihan ngintun | para mantri ingkang sami pacak baris | sigra ambuwang pêpikul | dupi kapungkur ing mungsoh ||

14. Wontên ing dhusun Papringan Pangeran Mangkunagara dipun gêcak Kumpêni.

16. Pangkur

1. tuwan mayor duk miyarsa | kagyat ing tyas gawokira tan sipi | dhêlêg jêtung pungun-pungun | sigra bubarkên wadya | mayor angling maring sagung pra tumênggung | pun Surajaya punika | punapa tlotoking dhêmit ||

2. putu gandarwo Sêmbuyan | dudu uwong dene julig kapati | kinêpung ing wong rongèwu | marojol enak-enak | kang angêpung bingung kadi kênèng cubung | kaya apa dhapurira | bok iya bisa kapanggih ||

3. matane arsa sun cuplak | gêr gumujêng sadaya pra bupati | sadangunira lêlaku | anênggih kang rinêmbag | datan liyan amung kajuliganipun | Surajaya dene kadya | brakasakan bôngsa sandi ||

4. tan antara lampahira | tuwan mayor lan sagung pra bupati | barisan Burêng wus rawuh | Dipati Pranaraga | awêwarti pangeran ing wau langkung | amangilèn dèrèng têbah | têlik kula lagya prapti ||

5. kèndêl [kèndê...]

--- 33 ---

[...l] nèng dhusun Papringan | wontên tigang onjotan saking ngriki | mayor angundhangi sampun | siyaga ing ayuda | Adipati Pranaraga wus arêmbug | bêkta prajurit kapalan | kalih èwu malah luwih ||

6. sigra budhal gêgancangan | langkung ngangah-angah mayor kêkalih | sagunging para tumênggung | samya nandêrkên kuda | prapta wanci baskara ngajêngkên surup | wontên ing dhusun Papringan | Pangeran Mangkunagari ||

7. datan nyana lan angira | lamun mêngsah Kumpêni andhatêngi | dene wayahe wus dalu | mila balane ura | akêkaring ana ingkang ngambil rumput | pangerane lagi prapta | saking ing wana pribadi ||

8. Hogêndhorêp munggèng ngarsa | mung pêpitu kanthine andhingini | waspada paningalipun | pangeran katon dharat | gya pinêstul kagyat langkung dènnya gugup | wit dèrèng sikêp gêgaman | kalithihan marang wuri ||

9. tan dangu tambur gumêrah | kukuk surak wadya môncanagari | Kumpêni ngêdrèl gumrudug | wadya môncanagara | amarapit mangilèn desa kinêpung | wadyabalane pangeran | nadhahi prang ting kulicir ||

10. kathah kang lajêng umpêtan | ingkang mangsah kajodhi angêmasi | balane pangeran sumyur | buyar pating salêbar | kang kabrasat palayune rêbut dhucung | nunjang palang tan angetang | jurang parang dèn ungsèni ||

11. para dyah arêbut paran | kuwur ing tyas mawur katawur ngisis | wus kapisah [kapi...]

--- 34 ---

[...sah] ênggènipun | mung nêdya ngungsi gêsang | ting jalêrit rarywalit kawêlasayun | pangeran arsa umangsah | punakawane bondhèti ||

12. pinêksa ngaturan oncat | lumaksana ing rèh enggal ngoncati | lumayu maksih binujung | ingêdrèl saking wuntat | mungsuh sirna baskara diwasa surup | saking pitulunging Suksma | marang darahing Matawis ||

13. prapta ingkang gara-gara | bayu bajra wor jawah riwis-riwis | gora rèh asindhung riwut | pêtêng dhêdhêt limêngan | dadya kewran kang bêbujung samya wangsul | akathah bandhanganira | kalih bêlah kang turanggi ||

14. sanjata waos akathah | wus makuwon wau sagunging baris | anèng ing Papringan dhusun | samya andum jarahan | suka-suka dènira ajayèng pupuh | yèn sampuna surup surya | lawan jawah riwis-riwis ||

15. pangeran yêkti kacandhak | nadyan manjing wana dèn osak-asik | rèhning jawah angin dalu | sampun akarisakan | pan kinira tan bangkit pulih tri taun | kabanjur brastha swuh sirna | kang dadya riwuking bumi ||

16. wau ta kang winursita | pangeran kang kasoran ing ajurit | palajênge kang tut pungkur | punakawan satunggal | nusup-nusup medhun jurang singup-singup | tan angetang pringgabaya | nèng wana sigra kapanggih ||

17. Tumênggung Kudanawarsa | kanthi sutanira jalu satunggil | lan pangeran garwanipun | nama Mas Ajêng Matah | gendhong suta sapihan kêkalihipun |

--- 35 ---

Dyan Ajêng Sombro mlasarsa | katisên anèng wanadri ||

18. rêreyongan lampahira | wong lanange kapat bocah tan luwih | karo bocah èstrinipun | dalu pêtêng tur jawah | marga lunyu dene tanggung jawahipun | laju dènira lêlampah | tan bangkit nadhah lan guling ||

19. nuntên kang eyang kapanggya | anèng wana Dyan Ayu Sanawati | lan kêkalih rowangipun | langkung dènnya kasrakat | lampahira nilap-nilap jujur gunung | analasak wanapringga | wit ajrih kawruhan janmi ||

20. dadya angiras umpêtan | putra alit anggung dènira nangis | saking tan kambêtan sêkul | amung pisang alasan | kang anama bacici kaluthuk sèwu | kang dadya rêm-arêmira | panangise rare alit ||

21. dene ta wonge kang tuwa | kang pinangan amung dhangkèling kunci | kalangkung kawêlasayun | pangeran datan dhahar | sanès ari kathah abdinya kapranggul | dharat myang wahana kuda | ngumpul sawidak kang abdi ||

22. Tumênggung Kudanawarsa | alon matur tanggêl lampah puniki | mindhak kawadakèng mungsuh | dene prayoganira | luhung nilap angèla kaswarèng mungsuh | wadya ingkang kêkapalan | kinèn lumampah kariyin ||

23. pun Tumênggung Surajaya | anunggila wadya môngka têtindhih | dene paduka pukulun | sami dharat kewala | bucal badan manawi wontên pitulung | angungsi rama paduka | Jêng Pangeran Mangkubumi ||

--- 36 ---

24. dadya rêmbug wus pinisah | ingkang dharat lawan ingkang turanggi | wontên Pakiringan dhusun | dènira pêpisahan | ingkang dharat kalih dasa cacahipun | pinisah malih ing lampah | kantun pitu mêgatruhi ||

17. Mêgatruh

1. wong kang tiga wêlas nalêsêp ing dhusun | ingkang gangsal atut wuri | pangeran lan patihipun | pitu kang jalu tan luwih | katiga rare kang wadon ||

2. sigra lajêng pangeran ing lampahipun | ngidul ngetan alumaris | analasak ing wanagung | tan anut marganya lami | minggah dhusun jurang sigrong ||

3. kasêrakat kasangsaya lampahipun | tan kêna panggih lan janmi | anilap anusup-nusup | yèn aso mêtêki sikil | lêsu lêsah kadi lempoh ||

4. agung dènnya anutuh sariranipun | kantêpe kapati-pati | êri curi tan kaetung | lampahe nungsang jêmpalik | amunggah tumurun anjog ||

5. gumlaring kang wanawasa kang kadulu | myang saliring kang kapyarsi | anênangi ing nala kung | kayatnan ruming wiryadi | ngonggo-onggo rèh kadudon ||

6. ingkang eyang wantuning wanodya sêpuh | Radyan Ayu Sanawati | ngaruara sambatipun | yèku eyang saking èstri | kawijilan dhusun Ngêndho ||

7. tan kawarna lamine dènnya lêlaku | dadya prapta anèng Lincip | inggih ing Pidêksa gunung | Sultan Dandhun Martèngsari | nèng kono dènnya makuwon ||

--- 37 ---

8. pangran panggih lan kang paman Sultan Dhandhun | nanging rêmbage tan dadi | dadya mung sipêng sadalu | nulya pamit numpal kèli | anêdya ngungsi mangalor ||

9. mring kang paman ingkang watakira puguh | Jêng Pangeran Mangkubumi | tur datan kakehan rêmbug | nadyan akèh rêmbug pikir | nanging kang prêlu linakon ||

10. seje lawan rêmbagira Sultan Dhandhun | orehane ngiwir-iwir | kawismayane pinutus | mrantasi salir pakarti | têmahane amacothot ||

11. lampahira ngalèr ngetan jujur gunung | Pangeran Mangkunagari | dhusun Sêmbuyan kapungkur | bumi Kaduwang wus prapti | lajêng anjujur mangalor ||

12. praptanipun anèng Ônggabayan dhusun | lèr Kaduwang lêrêsnèki | saking lamining lêlaku | katur senapati jurit | yèn pangeran namur bolos ||

13. tuwan mayor lan nindyamantri wus rêmbug | sigra dhawuhkên waradin | maring ing bêbêkêl dhusun | yèn wong liwat dudu warni | kinèn mikut lamun ngalor ||

14. yèku Pangran Mangkunagara anamur | kasrakat nêdya angungsi | suwita ing ramanipun | Jêng Pangeran Mangkubumi | parentahe tuwan mayor ||

15. sadhengaha wonge kang abangkit mikut | pan ginanjar dadya mantri | lawan reyal limang atus | marma wong padesan sami | wus samya angatos-atos ||

16. dupi ana wong liwat kang jalu pitu | nanging busanane bêcik | wus kinira lamun iku |

--- 38 ---

Pangeran Mangkunagari | wong desa prasamya gêndhong ||

17. gêndhong barung titir kothekan gumuruh | pangeran dèrèng andugi | nyana liyan prêlunipun | wong padesan gènnya titir | titir wuwuh kadi lampor ||

18. sarwi alok payo-payo nyata iku | Pangeran Mangkunagari | tômpa reyal limang atus | yèn bangkit mikut wong iki | ingkang lêlaku mangalor ||

19. duk miyarsa kèndêl dènira lêlaku | Pangeran Mangkunagari | wus anêdya derah lampus | sigra angisèni kêdhilbêdhil. | wong padesan asru alok ||

20. saya brubul wong prapta mijil sing dhusun | kadya sêsulung anggili | sikêp pêdhang towok wadung | pênthung garanggang myang linggis | ana ingkang gawa bronjong ||

21. ana waos canggah ganthol gantar tangsul | panèkêt kang anindhihi | nyêkêl panglawe nèng ngayun | alok payo dèn abêcik | kêpungên aja marojol ||

22. abdinipun pangeran pating palinguk | rupêk pandulune sami | lir sakarat ciptanipun | dene kinêpung wong bumi | tumbak canggah wus mirantos ||

23. dupi parêk peksane age anubruk | pangeran nulya ambêdhil | wong desa buyar sumawur | dadya tan wani mrêpêki | mung kinêpung saking adoh ||

24. wus dilalah karsane Hyang Mahaluhur | kalamun darah Matawis | kang durung tumibèng kukum | datan kêni ginagampil | marang sapadhane kang

--- 39 ---

wong ||

25. nulya prapta gara-gara sindhung riwut | mêsês bajra angin-angin | gora rèh riris atêdhuh | gêtêr dhèdhèt erawati | sagung wong desa dharodhog ||

26. dadya samya manjing padesan kang bujung | Pangeran Mangkunagari | jawah angin alêlaku | kang ngêpung katungkul sami | ingkang lumaris wus adoh ||

27. praptèng dhusun Matesihan ing daruju | kang garwa kang eyang nuli | tinitipkên tiyang dhusun | pangran singidan mring wukir | gone Ajar Samakaton ||

28. sakalangkung amêtêk putêk tyasipun | makêtir-kêtir matistis | wimbuh kambuh kabarubuh | ing padhepokan wus prapti | pandhitane samya miyos ||

15. Pangeran Mangkunagara wontên ing Padhepokan Samakaton.

18. Mijil

1. sang pandhita kalih kakang adhi | Adisana Anom | Adirasa prênah kakangane | manuhara samya ngacarani | praptane sang pêkik | maring wismanipun ||

2. sinugata sakadare langip | tumrap wong dhêdhepok | wusnya rêrêm pangeran galihe | awêwarti lêlakoning nguni | miwiti mêkasi | ginanjar sadarum ||

3. marma mangke pangran praptèng wukir | dening sru wirangrong | minta têdah ingkang amrih sae | aprasêtya sêdya amastuti | barang rèh sang yogi |

--- 40 ---

tan suwalèng kayun ||

4. sang pandhita kalih sampun dugi | karsaning sang anom | matur aris dêkung ing wuwuse | dhuh wong agung kang dahat kaswasih | ywa êru ing galih | pun kaki sung tutur ||

5. milanipun paduka ing mangkin | aprang têmah rêmpon | karisakan sawadyabalane | wit paduka ujub riya kibir | ambêk gêdhag-gêdhig | adigung gumunggung ||

6. mung ngandêlkên wêgiging pambudi | dibyaning palugon | sarwa cukup cupêt ing sarate | aji jaya-jaya wijayanti | môndraguna sêkti | prawira dibyanung ||

7. supe lamun sor ungguling jurit | kagungan Hyang Manon | gênging karsa kerut ing ardane | madêg nata tan winawas budi | Jêng Susunan Adi- | prakosa jêjuluk ||

8. kang makatên liwat saking sisip | sisiping lêlakon | awit wahyu nurbuah yêktine | botên kenging ginayuh lan gampil | saking gêdhag-gêdhig | jayaning prang kasub ||

9. pintên kuwate wong gêdhag-gêdhig | têmah manggih asor | sampun nelad ing lêlampahane | rama tuwan kang umadêg aji | ning Sêmbuyan wukir | juluk Sultan Dhandhun ||

10. dèrèng môngsa ngêgungkên kamuktin | angèsthi pra sinom | pitung dasa cacahe garwane | tur mantrine mung salawe iji | datan wrin ing jati | mung ambêk gumunggung ||

11. tuwas tiwas wèh wisaning dhiri | dadine kadudon | dèn geguyu dening sêsamane | marma anggèr dèn awas dèn eling | yèn [yè...]

--- 41 ---

[...n] titahing Widhi | apês ênggènipun ||

12. anelada ing rèh kang arjanti | utamèng lêlakon | kadi eyang paduka wiyose | pan wong agung sêsotyaning bumi | ingkang ambawani | rat Jawa sawêgung ||

13. Kangjêng Panêmbahan Senapati | duk ing tyas migatos | amêmayu mangayuh wahyune | datan pêgat dènnya mangun tèki | amawas ing dhiri | kulinèng asamun ||

14. mêlêng mêndêng gumolong mring jati | jatine Hyang Manon | kinunjara barang rèh ardane | amrih miyat ingkang miyatani | sampurnaning dhiri | putus ing pangawruh ||

15. nulya wontên sasmitaning Widhi | kang akarya gawok | warni lintang prapta ing ngarsane | awêwarti wus katrimèng Widhi | kinon madêg aji | amêngku kaprabun ||

16. suprandene lumuh ing wiryadi | madêg narakatong | nadyan silih wus kathah wadyane | maksih adrêng pamêsuning budi | budi kang mumpuni | ing jagat sawêgung ||

17. sruning brata kataman sayêkti | wahyu kang kinaot | tri bawana wus kawêngku kabèh | amêngkoni ngalam sahir kabir | roroning atunggil | lan jatining êdur ||

18. dadya sampat sampêt ing pakarti | barang rèh lêlakon | tatas rantas kentas rêruwêde | mungsuh jroning badan wus kajodhi | lir Hyang Wisnumurti | wirotamèng kewuh ||

19. jaya-jaya jayaning ajurit | putus rèh palugon | wusnya wêning narawang anane | lagya karsa ngadoni

--- 42 ---

ing jurit | munah satru sêkti | utamane kasub ||

20. têtêp dadya kalêngkaning bumi | musthika kinaot | ambawani rat Jawa sakèhe | trah-tumêrah prapta ing samangkin | mirut sining bumi | srah jiwa sumuyut ||

21. dene tuladan ing jaman mangkin | kang kenging rinaos | rama tuwan ingkang amandhirèng | baris wontên tanah Sukawati | Pangran Mangkubumi | ing pambêkanipun ||

22. kang tinulad lan linuri-luri | lair praptèng batos | kadi nguni ing lêlampahane | eyang Tuwan Kangjêng Senapati | karêm mawas dhiri | mrih sampurnèng kawruh ||

23. kawruh marang wêkasing dumadi | dadine lêlakon | datan samar purwa wasanane | saking dahat waskithaning galih | yèku ing aurip | ran manusa punjul ||

24. marma nadyan balane wus dadi | tan kewran ing pupoh | ngirup tanah môncanagarane | suprandene tan yun madêg aji | wit sampun udani | dèrèng mangsanipun ||

25. mangke anggèr kalamun suwawi | inggih sampun ngantos | kèrêm ngèlmi têguh sêsamine | kadigdayan nuragan kasêktin | awit ngèlmi lair | angêkèhkên dudu ||

26. anggèr karêma têtèki dhingin | nêgês karsèng Manon | dèn atêtêp mantêp ing idhêpe | idhêp maring Hyang Kang Murbèng Bumi | supayane dadi | dadi wêkasipun ||

27. wêkasane wong tinitah urip | dèn kongsi praptèng don | lamun têmên [têmê...]

--- 43 ---

[...n] anunggal jatine | pan tinêmu arang kang kinapti | waskitha ing gaib | tan samar atêrus ||

28. têrus karakêt mring tingal jati | jatining pangawroh | mrih sampurna anunggal anane | yèn wus nunggal dèn maksih kêkalih | kêkalihe gusti | lan kawulanipun ||

29. laku lair lawan laku batin | yèn sampun gumolong | janma guna utama arane | dene sampun amêngku mêngkoni | kang cinipta dadi | kang sinêdya rawuh ||

30. nadyan silih prang ngidêri bumi | mungsuhira ewon | lamun anggèr mantêp ing idhêpe | pasrah kumandêl marang Hyang Widhi | gaman samya ngisis | dadya têguh timbul ||

31. wit manusa mung darma nglampahi | ing karsa Hyang Manon | apês unggul yêkti wus darbèke | sampun susah yèn tinitah alit | sokura ing Widhi | yèn tinitah luhur ||

32. dèn prayitna bekaning dumadi | kang murungkên lakon | badhe luhur kathah rêncanane | bêbakale kawiryan sayêkti | amung lara pati | dèn mantêp dèn emut ||

33. ginulanga dimène lêstari | lêstari kang manggon | marma anggèr dèn sarèh galihe | arèrèha anèng ngriki dhingin | mêmêsua budi | budi kang mrih luhur ||

34. lamun sampun êning ing panggalih | agêlêng gumolong | sakarsanta sumôngga nah anggèr | nanging pun kaki kêdah mêmêling | ing paningal mami | kang kênèng rinuruh ||

35. rama paduka ing Sukawati | wahyune wus blorong | yêkti bangkit têmbe [tê...]

--- 44 ---

[...mbe] mulyakake | mring paduka wibawa bawani | ywa liyan pangungsi | ing ramanta wau ||

36. sang pandhita gènnya mituturi | mring sang prawiranom | kongsi kalih ratri ing lamine | pangran dahat karaosing galih | dadya amastuti | kasmaran pitutur ||

16. Mayor damêl dora sêmbada, mêjahi tiyang dipun awatakên Pangeran Mangkunagara lan Pangeran Pamot.

19. Asmaradana

1. Pangeran Mangkunagari | rèrèh nêntrêmkên sarira | anèng dhepok Samakaton | dahat musakat kasrakat | merang kasurang-surang | wirangrong darung-kalarung | wimbuh kabubuhing ujar ||

2. dadya tan pêgat sêmèdi | minta nugrahaning Suksma | atilar dhahar myang sare | kunêng malih kawuwusa | kadi sarêng ing lampah | ananging gênti cinatur | kang anèng Burêng barisan ||

3. wau ta mayor kêkalih | sampun eca manahira | dene wus sirna mungsuhe | nadyan tan praptèng antaka | kêna ingaran sirna | uripe prasasat lampus | nora bisa lamun arsa ||

4. angadêgna baris malih | amung singidan kewala | lawan sagarwa putrane | tarub kabèh wong padesan | amung pangran satunggal | Mangkudiningrat kang juluk | arine Pamot Pangeran ||

5. sabên baris [bari...]

--- 45 ---

[...s] datan têbih | lawan barise kang raka | sapraptane tuwan mayor | dèrèng katon magut yuda | ing wartane wus nyata | Pringgalaya kalanipun | bêdhah Gubug Angin desa ||

6. pangeran lumayu dhêlik | bala bubar ting salêbar | umpêtan nèng wana bae | ajrih kapanggih ing janma | dadya matah parentah | tuwan mayor kalihipun | wadya kang badhe tinilar ||

7. sagung pêpacêkan mantri | kang kinèn baris pêpanthan | myang baris Panambangane | dèn êlih maring ing Taman | dragundêr kawan dasa | dene ta têtindhihipun | Alpèrès Wati kang nama ||

8. karsaning mayor kêkalih | Alpèrès Wati ingangkat | dadya litnan ing lungguhe | dene senapati Jawa | angrèh mantri pacêkan | Jayawikrama Tumênggung | lan Dêmang Surakartika ||

9. kang baris ing Kalikuning | senapatining Walônda | Alpèrès Kèbêr namane | uga wus ingangkat litnan | wadya kang pinilihan | mung dragundêr patang puluh | dene senapati Jawa ||

10. Dyan Tumênggung Rajaniti | kang angrèh mantri pacêkan | lan numbakanyar kaliwon | Angabèi Cakrajaya | tarub sagung arahan | sakathahe baris wau | mung kidul kang mawi Wlônda ||

11. ing Kamalon kang abaris | senapatining ayuda | mung sajuga bupatine | Dyan Tumênggung Naladirja | Ngabèi Jasamodra | lurah mantri tuwaburu | lan para mantri pacêkan ||

12. dene kang têngga Matawis | Tumênggung Jayawinata | lan [la...]

--- 46 ---

[...n] Wôngsayuda kanthine | baris jro bata Ngayogya | kabèh bumi Mataram | ingkang wolu likur èwu | arahane nèng Ngayogya ||

13. kang wetan winuwus malih | para mantri pêpacêkan | wetan Ngutêr sapangalor | narithik baris arahan | senapatining yuda | kilèn Matesih gènipun | Tumênggung Yudanagara ||

14. ing Banyumas lan Ngabèi | Môndaraka kanthinira | wus warata desa kabèh | dene tanah ing Kaduwang | Dipati Pranaraga | ingkang rumêksa ing kewuh | lan jampangi ing Sêmbuyan ||

15. wusnya gêlêm ing panggusthi | mayor bubarakên wadya | gumêrah swaraning kang wong | Adipati Pranaraga | sampun kinèn mantuka | gusis datan ana kantun | kang baris Burêng sadaya ||

16. wau ta mayor kêkalih | amangilèn lampahira | mariksa sakèh barise | laju dhatêng ing Mataram | panggih lan Jawinata | atilar parentah sampun | tigang dalu nèng Mataram ||

17. budhal wangsul ngetan malih | tuwan mayor kalihira | Tênangkus lawan Hondhorop | sampun santosa tyasira | mulat sagung barisan | lan wus têrang wartinipun | ngilange para pangeran ||

18. kèndêl baris Kalikuning | tuwan mayor sakalihan | Litnan Sakèbêr pondhoke | dalu samya pirêmbagan | Rajaniti ingundang | wus sinungan reyal satus | bêbisik gènnya wacana ||

19. kinon pados sirah kalih | kang anom bagus ing warna | sarta kang tatah [ta...]

--- 47 ---

[...tah] untune | Rajaniti atêtanya | tuwan karya punapa | nauri Hondhorêp Mayur | lah ta dèn mèndêl kewala ||

20. Dyan Tumênggung Rajaniti | samana sampun anduga | yèn ana gêlar badhene | sarwi mèsêm saurira | tuwan puniki kirang | êndhas roro reyal satus | êndhase kere kewala ||

21. mayor gumujêng nguncali | wêwahipun satus reyal | Rajaniti mêdal age | sapraptanira ing jaba | bisiki patihira | nuju wontên magangipun | magang kalang pamajêgan ||

22. warnanira langkung pêkik | pinatèn sampun tinigas | ngupaya ing satunggale | patih samana umiyat | sutane rôndha Bayat | akêcokan sêmunipun | anak radèn ing Têmbayat ||

23. anom warnane apêkik | pinatèn sampun tinigas | anèng jawi pondhokane | tan ana wong kang uninga | kuwônda kalih pisan | pinêtak ing Kaliwanglu | têbih saking pabarisan ||

24. sigra binêkta umanjing | pondhok ing satêngah rolas | duk mulat Tuwan Hondhorop | pêkik-pêkik ingkang sirah | dahat sukaning driya | anulya cinampur barus | dinalit langkung prayoga ||

25. wadhahe tong alit kalih | sami cinirenan sastra | kang satunggal Pangran Pamot | tinukup prang nèng Katongan | dene satunggalira | Mangkunagara kapupu | aprang anèng ing Papringan ||

26. Pangran Pamot duk kajodhi | tinukup [tinu...]

--- 48 ---

[...kup] anèng Katongan | dening Hogêndhorêp dhewe | Pangeran Mangkunagara | prang rina nèng Papringan | Hogêndhorêp lan Tênangkus | kang samya ngawaki yuda ||

27. ing ratri Sakèbêr nuding | sareyan kinèn ngatêrna | kalih wêlas dragundêre | pacêkan mantri sakawan | turôngga tigang dasa | bêkta êtong mangkat sampun | kanthi sêrat mring Samarang ||

28. praptane Samarang nagri | linajêngakên kewala | surate mayor kalihe | mring Batawi katur jendral | pustaka wus kadriya | dahat sukarênanipun | jêng tuwan gurnadur jendral ||

29. duk samana anyarêngi | Mas Rôngga Tisnawijaya | milênggahkên prakawise | atur sêrat maring jendral | nêbut botên narima | sêrat tinupiksa sampun | mring rad pêni ing India ||

30. mangkana raosing tulis | tur uning kala pangeran | Mangkubumi sabalane | ambêdhah nagari Dêmak | Mas Rôngga atur wikan | nêdhaki tuwan kumêndur | praptane nagari Dêmak ||

31. pangran mingsêr dèrèng têbih | kumêndur anêrêng kuda | kurang titi pariksane | ingaran ature dora | Mas Rôngga ginêbugan | tuwan kumêndur gya wangsul | dhatêng nagari Samarang ||

32. môngka Pangran Mangkubumi | mung mingsêr nèng Godhong desa | wong Kumpêni sakantune | anglanggar prang têtumpêsan | sawusira kadhadha | dening radpêni sadarum | sêrat ature Mas Rôngga ||

33. rêmbage para idêlir | rad Kumpêni

--- 49 ---

ing India | mastani lêrês ature | Mas Rôngga Tisnawijaya | kumêndur tuhu nasar | kang mangkono datan arus | dadya pramodaning praja ||

34. ing sajroning nusa Jawi | wiwit ing jaman Mataram | durung ana pawartane | punggawa katiban gêbag | liya mantri kabayan | buwang tejaning prajagung | wong agung prentah anasar ||

35. karya apêsing ajurit | tangèh yèn bangkit unggula | mangkana kumpul rêmbage | rad Kumpêni ing India | kumêndur ing Samarang | Twan Teling kêdah ingundur | saking kalênggahanira ||

36. dene kang kinarya ganti | Mayor Hondhorop prayoga | awit wus kathah labête | mring Kumpêni ing India | miwah mring kraton Jawa | sri narendra asih tuhu | kang wong kumpulan wong Jawa ||

37. Gurnadur Jendral Batawi | wus karya surat parentah | nimbali mayor kalihe | myang kumêndur ing Samarang | wus mêsat kang dinuta | mring Samarang jujugipun | mangsuli kang winursita ||

38. wau tuwan mayor kalih | sawusnya mriksa barisan | ing kilèn laju mangalèr | kapanggih mantri wasesa | Dipati Pringgalaya | rêmbag bibarkên wadyagung | mayor laju mring Cangakan ||

39. prapta sajawining baris | Tumênggung Yudanagara | gurawalan pamêthuke | sawusira anjum asta | lajêng atata lênggah | Tuwan Hogêndhorêp muwus | kang kidul mungsuh wus sirna ||

40. amung katunkantun. Sukawati | kang anglurug kasulayah | Yudanagara [Yudana...]

--- 50 ---

[...gara] saure | inggih tuwan kadiparan | kula prihatin dahat | kinêpung ing sabên dalu | rina tan bangkit sêsaba ||

41. mayor awacana aris | sudara para bupatya | inggih sakantun-kantune | kula ngalèrkên sadaya | nanging ta pintênbara | sagêd kesah raganingsun | saking nagri Surakarta ||

42. bok manawi kula bangkit | tumut-tumuta angrêmbag | prakawis mêngsah kang êlèr | yèn maksih nèng Surakarta | nadyan sampun uninga | botên bangkit milu-milu | mênèk milu kaluputan ||

43. Yudanagara nauri | inggih tuwan kadiparan | punapa wontên bedane | aranipun sami mêngsah | lawan sami santana | Tuwan Hogêndhorêp Mayur | nauri dhuh saudara ||

44. pasthi bêda Mangkubumi | sakawit dèn kaniaya | ing Sukawati lênggahe | ing ngajêng rinêbut ing prang | bêbea wutahing rah | nuntên kalakon rinêbut | dadya ganjaraning raja ||

45. sadèrènge Sukawati | kenging pinukul pangeran | wrata rinayudan kabèh | inggih dhatêng Martapura | pra bupati tan lawan | wong Jipang lan wong Madiun | Balora myang Jagaraga ||

46. ting paringis anjaginggis | dèn abên lan Martapura | botên wani sami mopo | sakèh wong môncanagara | dèn abên tan kaduga | Martapura prang calimut | ajuwêt tan ngangge môngsa ||

47. kongsi kangjêng sri bupati | dahat kawêkèn ing driya | gya dhawuhkên timbalane | sintên berat Martapura |

--- 51 ---

ginanjar Sukawatya | pangeran ngawaki pupuh | sagêd amungkasi karya ||

48. puniku mênggah Kumpêni | praptane turun limalas | botên liyan kang aduwe | lan malih kangjêng pangeran | tuhu kalêngkaningrat | sinatriya sudibyanung | môngka lajêring nagara ||

49. apa ratu kurang bumi | upami dèn lironana | nadyan kathaha kang darbe | kang darbe samya wong ala | dados abahan apa | Pangran Mangkubumi wau | duk maksih anèng nagara ||

50. dadya senapati jurit | sami enak wong sapraja | yèn nglurug urunan bae | sabên-sabên pra bupatya | mung panèwu nyatunggal | pangran lima mêngsahipun | samya kasêsêr ing yuda ||

51. suprandene tiyang Jawi | kolu akarya piala | wong bêcik dèn rubuhake | sayêkti puniku benjang | antuk pitulunging Hyang | nambungi Mayor Tênangkus | wong Jawa tanpa kanthia ||

17. Baris Kumpêni wangsul dhatêng Sala. Mayor badhe dipun bêsêli Patih Pringgalaya sarta Sindurja.

20. Kinanthi

1. dhuh sudara dyan tumênggung | sabên jinis mêsthi kanthi | darma tataning agama | mung wong Jawa tan praduli | dhatêng ing agamanira | marma apês ing ajurit ||

2. katôndha pratandhanipun | arsa numpês mring Kumpêni | agamane datan [data...]

--- 52 ---

[...n] kêna | wong abêcik dèn alani | parandene tan kasoran | mungsuh jitus wong Kumpêni ||

3. nêtêpi agamanipun | yêktine yèn barêkati | kathah bèntêning agama | nanging awon lan prayogi | sakèhe titahing Suksma | sayêkti sami ngênggèni ||

4. manthuk-manthuk Dyan Tumênggung | Yudanagara sarywa ngling | gih lêrês puniku tuwan | mangkana wus kalih ratri | mayor anèng Pacangakan | laju maring Sukawati ||

5. wontên kuda pitung atus | kang ngiring mayor kêkalih | nanging wong Jawa kewala | sakêdhik bala Kumpêni | mung dragundêr kalih wêlas | prapta wus surup hyang rawi ||

6. mayor kalih panggih sampun | lawan sang anindyamantri | Sindurja myang pra bupatya | rêmbagipun sampun dadi | bubar wangsul maring praja | Kapitan Kop lan apatih ||

7. ingkang tinanggênah kantun | mung kalih atus Kumpêni | senapatining ayuda | Litnan Balangkêr ing mangkin | jinunjung pangkat kapitan | dene wadyabala Jawi ||

8. bupati cacah sapuluh | ingkang dadya senapati | Tumênggung Kartanagara | bupati gêdhe lan malih | Tumênggung Mlayakusuma | bupati jawi panumping ||

9. amalih barisanipun | Mlayakusuma akanthi | satus kang bala Walônda | lawan wong Makasar Bugis | tindhih Balangkêr Kapitan | sakawan ingkang bupati ||

10. wontên sèkêt mantrinipun | tigang èwu gunging baris | manggèn nèng dhusun Sumêngka | ingkang anèng Gêbang kèri | Tumênggung

--- 53 ---

Kartanagara | senapatining ajurit ||

11. lawan wong Kumpêni satus | wus kalêbu Bugis Bali | Litnan Bal têtindhihira | sakawan kang pra bupati | mantri sèkêt winatara | tigang èwu gunging baris ||

12. wong desa ora na nungkul | tan ngangge pacêkan mantri | dadya lêlugu kewala | sami wongira pribadi | malah sabarang pinangan | sangune saking nagari ||

13. ing Gêbang Sumêngka sampun | tata rakit ingkang baris | mayor kalih sigra budhal | Kapitan Kop lan Dipati | Sindurêja saha bala | ing marga datan winarni ||

14. ing Surakarta wus rawuh | wong agung kang andon jurit | gumrah swarèng wadyakuswa | sasi Sapar kaping kalih | taun Be sangkalanira | pêksa wiku bahing bumi ||Sengkalan: pêksa wiku bahing bumi (2 Sapar 1672 A.J., 14 Februari 1747 A.D.).

15. sami malêbèng kadhatun | sagung wong agung kang prapti | sowan ing jêng sri narendra | anjum asta mayor kalih | tanapi Êkop Kapitan | wus tata samya alinggih ||

16. nindyamantri nguswa suku | lan sagung para bupati | sang nata andangu warta | gènira amangun jurit | de kongsi satêngah warsa | Hogêndhorêp atur warti ||

17. ginalur sasolahipun | miwiti malah mêkasi | mayor malih aturira | pukulun jêng sri bupati | mêngsah prasamya umpêtan | sayah gèn amba ngulari ||

18. tyang padesan sampun tarub | sami tumut pacak baris | wus radin tilasing mêngsah | sirna de datanpa warti | pun Dipatya Pranaraga | sakancane tan sumiwi ||

19. amargi kawula [ka...]

--- 54 ---

[...wula] tuduh | rumêksa Kaduwang nagri | manawi mêngsah Sêmbuyan | wontên ingkang madêg malih | sayêkti lajêng ginêcak | dhatêng pun bapak dipati ||

20. nulya Kapitan Kop matur | pukulun jêng sang siniwi | amba ingkang nandhang tiwas | tan antuk têlukan siji | ing sabên dalu kinêpang | yèn rintên dèn kalèncèri ||

21. pangeran tan purun mêthuk | amilalu mring pasisir | aprang lawan pun Mayor As | anèng ing Dêmak nagari | Mayor As sawadyabala | Kumpêni atumpês tapis ||

22. ing Sukawati pukulun | barduwak agung ngêmasi | wusnya têlas aturira | prasami tinundhung mijil | praptèng loji tinututan | dhadharan saking jro puri ||

23. tan cinatur laminipun | praptane mayor kêkalih | nulya wontên sêrat prapta | saking Kumêndur Samawis | nimbali mayor kalihnya | têrang saking ing Batawi ||

24. tuwan mayor kalihipun | sigra sowan sri bupati | tur uning yèn tampi sêrat | tinimbalan mring Batawi | lamun kangjêng sri narendra | sampun kaparêng ing galih ||

25. Tênangkus Gêndhorêp Mayur | arsa umangkat tumuli | Hogêndhorêp matur nyêlak | pukulun jêng sri bupati | ambatur uningèng tuwan | nanging taksih nama wadi ||

26. inggih manawi panuju | kesah kawula ing mangkin | lajêng wisma nèng Samarang | pangangkah ulun wus lami | mung pangèstu jêng paduka | sri narendra ngandikaris ||

27. adhi sun paring pangèstu | yêkti katêkan sakapti | wit sabên [sa...]

--- 55 ---

[...bên] sun kirim layang | marang sagunging radpêni | tanapi gurnadur jendral | sira nora tau kari ||

28. kamot ing nawalaningsun | anaa undhakmu maning | de sira sêca rumêksa | marang panjênêngan mami | Hogêndhorêp sarikutan | ngusapi waspa drês mijil ||

29. kathah karaos tyasipun | gênging sih kadarman aji | mayor tabe amit mêdal | sapraptanira ing jawi | risang kalih mantrimuka | wus dangu nganti nèng loji ||

30. praptane Mayor Tênangkus | tabean lan patih kalih | sarwi mojar dhuh sudara | Pringgalaya Adipati | tuwin Dipati Sindurja | benjang ing sapungkur mami ||

31. kadi landhung ruwêtipun | talatah ing nuswa Jawi | sudara kalih kang karya | ruwêt rêntênging kang bumi | andhêku ulate pucat | risang kalih nindyamantri ||

32. langkung kumêpyur tyasipun | sigra anauri ririh | lah kadi punapa tuwan | kula sami tiyang alit | Tênangkus andik kang netya | mung gèdhèg datan nauri ||

33. ing batin Gêndhorêp Mayur | dahat sukane miyarsi | muwus dhawak tan kawêdal | ewuh rèhning kônca lami | mangkya Tênangkus angucap | amingkisakên wêwadi ||

34. Gêndhorêp nambungi wuwus | dhuh sudara dyan dipati | aluwung sami kondura | enjing wangsula mariki | wusnya tabe amit mêdal | sang adipati kêkalih ||

35. Pringgalaya alon muwus | suwawi paman dipati | rêmbagan nèng wisma kula | pun Tênangkus dènirangling | yêkti tan ngecani manah | Sindurêja [Sindu...]

--- 56 ---

[...rêja] anuruti ||

36. sapraptaning wisma laju | marang pakêbonan wuri | panakawane ginusah | amung pêpatihe kalih | rêmbage Sang Adipatya | Pringgalaya animbali ||

37. Suradipa kinèn ngêjum | mring mayor mrih sirnèng runtik | Sindurja anut kewala | pêpatihe gya nimbali | Suradipa wusnya prapta | pinulut lawan pêparing ||

38. dhinawuhan prêlunipun | kinon maripih kang ririh | mamrih pakolih dèn kêna | lilih lêjaring panggalih | ywa kongsi kadawa-dawa | Tênangkus dènira runtik ||

39. patih asung reyal nyèwu | Saradipa wus nampèni | lèngsèr sing ngarsa dipatya | laju tumamèng jro loji | mayor kalih nuju lênggah | Saradipa matur aris ||

40. punika reyal rongèwu | saking ing pêpatih kalih | bêktine katur ing tuwan | môngka panêbasing runtik | Mayor Tênangkus miyarsa | kumêjot padoning lathi ||

41. sru bêngis pangucapipun | akale wong apa iki | sêdyane darung andadra | lupute tinêbus picis | tobat niyat marènana | mung nêdya ginawa mati ||

42. hèh Saradipa wong iku | patih apa sira rani | matur môngsaborong tuwan | kula tan sagêd mastani | Tênangkus malih lingira | iku pêpatih trayoli ||

43. awit dene lakuningsun | jênêngi sarta ngawaki | yuda anirnakkên mêngsah | Hogêndhorêp kang darbèni | bubuhan umagut yuda | dene ta mungsuh kang lami ||

44. kang kacatur kang kadhapur |

--- 57 ---

sakabèhe sirna ênting | datan amôngga puliha | Hogêndhorêp lawan mami | kang amapas dadya kentas | tatas rantas rontang-ranting ||

45. mung mungsuh susulan iku | Jêng Pangeran Mangkubumi | panggawene Pringgalaya | ingkang ambôndakalani | nora nganggo bobot timbang | wong angakal ngukil-ukil ||

46. dadi tan ana wisipun | talêtuh ing nuswa Jawi | saanane Pringgalaya | lamun nora mêmarèni | iki reyale balèkna | nora ngupa-upa mami ||

47. prapta tanah Jawa ingsun | pinarcayan magut jurit | mungsuh kang pinêlêng sirna | dene mungsuh kari siji | tan wurung abot sinôngga | kang nglurug pasthi jêginggis ||

48. hèh Saradipa sirèku | dèn kêbat gonira bali | nadyan ratri lumakua | sun tan sotah reyal iki | iya dudu reyal lanang | reyal tan arus tur nisthip ||

49. dudu jarahaning mungsuh | dudu panganing prajurit | iki pangane pra setan | Ki Saradipa nulyamit | mêdal praptèng Pringgalayan | wus panggih pêpatih kalih ||

50. matur relayreyal. sinung wangsul | kang kinarya nirêp runtik | samya jêtung duk miyarsa | Ki Saradipa tiniti | paranbaya wuwusira | Tênangkus duk sira prapti ||

51. Saradipa aturipun | makatên mayor dènnyangling | apa wong Jawa tan wikan | pasêmon wong siji-siji | boting abot bobot agal | nora wruh gambuh ing jurit ||

--- 58 ---

18. Pangagêng Walandi ing Sala santun oprup, Pangeran Mangkunagara nglajêngakên lampah badhe sowan ingkang rama Pangeran Mangkubumi.

21. Gambuh

1. kuwur pating galuyur | ing pamikir mamak ngawur-awur | yèn Kumpêni Pangeran Amangkubumi | nyawah ana pitung èwu | salêksa sanadyan wuwoh ||

2. yêktine luwih patut | môngka sawahe mung têlung èwu | têka nora wong Jawa bisa ngalingi | duk dinangu mring gurnadur | tutur galur mrih dèn êlong ||

3. pangeran iku besuk | iya lamun wurung dadi ratu | yêkti dadi prajurit punjul ing bumi | pamunahing satru mungsuh | nglêlanangi ing palugon ||

4. sathithik lagi thukul | gone ngudang kadang sang aprabu | winurungkên saka akale si drêngki | jail muthakil dalurung | toging êdon nora jegos ||

5. mung melik kang kaetung | kalong sathithik bae kaduwung | nora wurung yèn kalongan akèh benjing | wong karyewuh nêmu ewuh | wong karyasor nêmu asor ||

6. makatên wuwusipun | nguwus-uwuse Mayor Tênangkus | saking tiwas paduka ingaran jail | wasananing rèh tan wêruh | pikir ngawur tan binobot ||

7. dipati kalih jêtung | dhêlêg-dhêlêg duk ngrungu pitutur |

--- 59 ---

wusnya têlas ture Saradipa amit | nindyamantri kalihipun | anutuh kang wus linakon ||

8. ing dalu tan winuwus | enjangira Twan Mayor Tênangkus | lawan Hogêndhorêp bidhal saking nagri | ingatêr juga tumênggung | mring Samarang bupati jro ||

9. kaparak kerinipun | Nitinagara Radyan Tumênggung | sarèhira jajar panèwu myang mantri | patih kalih ngatêr laku | nging wangsul Ngampèl kemawon ||

10. prapta Samarang sampun | panggih kumêndur anulya banjur | mring Batawi lan kumêndur ing Samawis | datan kawarna ing laut | ing Batawi sampun rawoh ||

11. marêk ngarsèng rat agung | dhinawuhkên karsane gurnadur | wus mupakat sagunging para radpêni | yèn dadi Amral Tênangkus | dadya Gupêrnur Hondhorop ||

12. nèng Samarang pilungguh | dene Kumêndur Teling ingundur | kang gumantya mayor Surakarta nagri | Hogêndhorêp ingkang lungguh | Petor Juwana kang kinon ||

13. Gêndhorêp wus tinundhung | sarta sinung srat katur sang prabu | tur uninga Hogêndhorêp nèng Samawis | Surakarta gêntosipun | ing Juwana Tuwan Petor ||

14. wus umangkat gupêrnur | saking Batawi lumakyèng laut | duk samana ing Samarang sampun prapti | mêmatah parentahipun | marang kang gumantya mayor ||

15. Pêtor umangkat gupuh | saking Samarang kang ngatêr dlanggung | Dyan Tumênggung Nitinagara sang mantri | praptèng Surakarta sampun | lajêng tumamèng

--- 60 ---

kadhaton ||

16. wus sowan jêng sang prabu | Petor Juwana ngaturkên gupuh | surat saking jêng gurnadur ing Batawi | kadhadha suraosipun | Petor têtêp dadya mayor ||

17. mayor gya amit mêtu | lagya pitung ari praptanipun | sakit boyok dèrèng nindakakên kardi | pêndhak Sênèn mêndhanipun | bangkit manggihi dhêdhayoh ||

18. nulya kaêlut murus | sabên ari tan pêgat umangsur | kongsi gangsal côndra saya angranuhi | dadya katur mring gupêrnur | yèn sakite mayor dados ||

19. gupêrnur nuju sampun | gêgêntine Surakarta mayur | pinilihkên kang wus kulinèng wong Jawi | sarta pinapangkat oprup | inggih Piskal Totlomondo ||

20. duk puniku witipun | panggêdhene Wlônda nama oprup | wus sakeca tyase kang para bupati | dene kônca lami wangsul | Tuwan Oprup Totlomondo ||

21. kunêng malih winuwus | ingkang sawêg singidan nèng gunung | momor caktrikcantrik. Pangeran Mangkunagari | anggung dènira manêkung | ciptane gêlêng gumolong ||

22. sabên ratri pitêkur | anèng jurang pèrèng kang asamun | angêningkên cipta mindêng maring jati | jati-jatining kang putus | putusing kawruh ambontos ||

23. saking nêmên tinêmu | prapta nugrahaning Hyang dhumawuh | wus binuka kawruh wêkasing dumadi | anarawang barang laku | laku kang arsa linakon ||

24. dadya manusa punjul | amunjuli samaning

--- 61 ---

tumuwuh | dene sampun bangkit amêngku mêngkoni | gya amit arsa tumurun | sang pandhita wus rumojong ||

25. pangran sigra tumurun | sêdyanira laju arsa nusul | mring kang rama Jêng Pangeran Mangkubumi | abdi nênêm datan kantun | mlampah mlipir jurang sigrong ||

26. pêpèrèng-èrèng gunung | alon-lonan bok kawruhan mungsuh | kang abaris kilèn ardi wus miyarsi | ting kalêsik undhangipun | badhe angadhang nèng Pancot ||

27. wus umangkat rumuhun | pacêkan mantri têtindhihipun | apêparab Singamênggala Ngabèi | rowangipun wontên satus | sampêt piranti prang popor ||

28. pangeran dupi langkung | ingêlokkên lah payo ya iku | payo-payo wong desa prasamya titir | gêndhong kênthongan ambarung | titir kothekan lir lampor ||

29. surak alok gumuruh | wong padesan kang prapta barubul | ting kalonthang gantar ganthol kang cinangking | canggah bêndhe towok wadung | ana kang amikul bronjong ||

30. pangeran duk andulu | kèh wong ngadhangi surak gumuruh | anêmpuh byat jroning tyas aderah pati | mlipir nêrak barisipun | saya gumêrah wong alok ||

31. lah payo wetan kidul | êlor kulon nangkêbana gupuh | kinakalang kinêpung têpung bathithit | ana kang ngêthungkên wadung | wênèh canggah ganthol towok ||

32. bandhil brangkolang mamprung | sinawatkên pangran kang kinêpung | nanging datan ana wani amrêpêki |

--- 62 ---

mung alokira kumruwuk | surak kang wetan myang kulon ||

33. mantri têtindhihipun | aparentah canggahên dèn gupuh | wong padesan ingkang kinon samya ajrih | dene pangran nêrak purun | angasta lawung cinoncong ||

34. pangeran abdinipun | ting palinguk dhêlêg lênguk-lênguk | samya nangis sarwi awacana manis | bandara lan raganingsun | apa datan katon uwong ||

35. gêmblunge saya dlarung | wong desa iki ngarakat purun | binabêrêg lir ngitêr buron wanadri | pangeran kalane ngrungu | ngêrês ing tyas karêraos ||

36. sèlèh lawung manêkung | tan antara dhêdhêt riris têdhuh | gêtêr patêr prapta kang maruta tarik | mêsês bajra lita lesus | kumrusup kayon gumêrot ||

37. adrês praptaning jawuh | wor prahara swarane gumrubug | alimêngan gora rèh kagiri-giri | kang ngêpung uwur kabawur | kadrêsan liris dharodhog ||

38. bênggang gènira ngêpung | pangran saabdine sigra laju | wong padesan nora ana kang udani | wusnya têbah lampahipun | nulya têrang punang jawoh ||

39. padhang kadi duk wau | wong kang ngêpung samya ting palinguk | dene ingkang kinêpung suwung tan kèksi | angupaya ting bilulung | apan sarwi alok-alok ||

40. nanging kêmba lokipun | awit tan wruh pangran purugipun | kang bêbujung prasamya kecalan lari | dadya kèndêl samya jêtung | kunêng malih winiraos ||

41. pangeran kang binujung | dungkap prapta

--- 63 ---

ing Têlahab dhusun | sangêt sayah prasamya mêtêki wêntis | gaib karsaning Hyang Agung | tuhu yèn akarya gawok ||

42. môngka pracinapracihna. tuhu | lamun pangran têmbe dadya luhur | ing saparan rinêksa dening Hyang Widhi | wontên wong pêpitu rawuh | kêkapalan saking êlor ||

43. pangeran kagyat dulu | nyana wong mêgati arsa nubruk | dupi cêlak angaturakên turanggi | pangran dèrèng nate wanuh | wong pitu aturnya alon ||

44. dipun enggal pukulun | lampah paduka arsa anusul | ing ramanta Jêng Pangeran Mangkubumi | maksih nèng Dêmak kang kidul | ajêng-ajêngan lan mungsoh ||

45. pangeran sampun laju | nitih kuda lan saabdinipun | sarêng nolih wau wong kang sung turanggi | sampun tan wontên kadulu | pangeran angandikalon ||

46. kang asung kuda mau | wong ing ngêndi mêngko tan kadulu | Dyan Tumênggung Kudanawarsa nauri | lah sampun paduka wuwus | gaib pitulung Hyang Manon ||

47. wus lajêng lampahipun | praptèng Têlahab kèndêl nèng ngriku | wontên wonge Kudanawarsa kapanggih | Jiwaraga namanipun | praptane bêkta sêsugoh ||

48. abdi nadhah sadarum | nanging tan dhahar pangeranipun | amung mucang lan dhahar panganan kêdhik | asarèh tan ana mungsuh | kang bêbujung sampun adoh ||

49. Ki Jiwaraga matur | inggih paduka ngalèra kumpul | lan ramanta Jêng Pangeran Mangkubumi | sampun kathah balanipun | pikukuh kèh prawiranom ||

--- 64 ---

19. Pangeran Mangkunagara kapanggih Pangeran Mangkubumi, lajêng kaêtêrakên wangsul mangidul.

22. Sinom

1. mangke kang baris Sumêngka | myang baris Gêbang prasami | tan wontên sagêd sêsaba | kinêpung dèn kalèncèri | wong ewon tanpa kardi | mangkana sasampunipun | rêrêm pangran umangkat | ngalèr margèng ngiring-iring | jurang pèrèng asirung sampun kawuntat ||

2. saari dènnya lêlampah | anjog tanah Sukawati | tinakonan wong padesan | ngaku caraka tinuding | Pangran Mangkunagari | maring Dêmak nyuwun bantu | inggih dhatêng kang rama | wong desa ngluluskên sami | pangran nyare anèng Malela sabrangan ||

3. enjinge ngalèr anabrang | aris dènira lumaris | yèn kèndêl ngambah padesan | wong desa samya ngaturi | sêsêgah warni-warni | saari dènnya lêlaku | ratri nyare Baluthah | pangeran miyarsa warti | lamun garwa putranipun ingkang rama ||

4. wontên dhusun ing Gêlagah | samadyaning Kêndhêng wukir | Pangeran Mangkunagara | sigra nênggêl nacak wukir | ing Gêlagah wus prapti | Brajadênta kang atunggu | lan Radèn Tambakbaya | tigang atus kang turanggi | Tambakbaya Brajadênta tur uninga ||

5. mring kang bibi jêng pangeran | ran Mas Ayu Tejawati | lamun ingkang wayah prapta | Pangeran Mangkunagari |

--- 65 ---

mêntas kasor ing jurit | karisakan balanipun | arsa sowan kang rama | samangke wontên ing jawi | Tejawati alon dènira ngandika ||

6. mara enggal timbalana | Tambakbaya sigra mijil | pangeran wus ingaturan | saabdinira tan kari | sapraptaning ngarsaglis | angabêkti eyangipun | mas ayu angandika | adhuh nyawa wayah mami | dene sira kongsi anandhang kasrakat ||

7. kang wayah nêmbah turira | awit kasoran ing jurit | tinukup wontên Papringan | dhatêng pun mayor kêkalih | gusis kongsi balindhis | prabot prang tan wontên kantun | mila ngungsi ing rama | mangkê rama wontên pundi | angandika kang eyang Mas Ayu Teja ||

8. kulup ing samêngko lagya | ambêdhah Dêmak nagari | lawase wus kalih côndra | ênggone anèng pasisir | si adhi apa maksih | ya Sanawati eyangmu | pangran matur pun eyang | taksih sugêng anèng wukir | wusnya tigang dalu pangran nèng Gêlagah ||

9. arêmbagan karsanira | Tambakbaya kinon ngiring | nusul kang rama mring Dêmak | ingkang eyang anjurungi | Mas Ayu Tejawati | angandika jroning kalbu | bocah iki ing benjang | aja tanggung dadi kanthi | adhaupa antuk arine priyôngga ||

10. ri sampunira samêkta | pangeran ngaras pada mit | sigra budhal gêgancangan | Tambakbaya kang umiring | sirna bêbayèng margi | lamun ratri rêrêp dhusun | enjangipun lêlampah | prapta ing Warung nagari | bupatine suwêng

--- 66 ---

dhèrèk maring Dêmak ||

11. pangeran apirêmbagan | kalamun arsa pêpanggih | lawan Pugêr Adipatya | maring Garobogan nagri | Tambakbaya ngrojongi | lajêng pisah anèng Warung | wau Dyan Tambakbaya | angalèr ngilèn lumaris | jêng pangeran ngilèn lêrês lampahira ||

12. sapraptaning Garobogan | anulya têtakèn warti | Dipati Pugêr barisnya | wong padesan tur udani | yèn Pugêr Adipati | baris anèng Sumbêr dhusun | têngga kitha Grobogan | lan jampangi Sukawati | sigra laju lampahnya mring Sumbêr desa ||

13. wus panggih sang adipatya | rinangkul dipun tangisi | dene dahat kasangsaya | wusnya lêjar sang dipati | matur anggèr samangkin | ngantia ngriki karuhun | awit rama paduka | kadi-kadi nuntên prapti | arsa têdhak atêtinjo baris Gêbang ||

14. kalawan arsa mêthuka | rama padukarsa prapti | inggih Jêng Pangeran Rôngga | nêdya sabiyantu budi | sigêg gênti winarni | Tambakbaya lampahipun | praptane kitha Dêmak | laju tur uninga gusti | yèn kang putra Pangeran Mangkunagara ||

15. prapta nusul ing samangkya | nunggil Pugêr Adipati | pangeran sigra utusan | dhumatêng sang adipati | ywa obah goning baris | pangeran umangkat ngidul | praptane kilèn Gêbang | lajêng umagut ing jurit | baris Gêbang ingamuk prang kuthetheran ||

16. anêsêg pangêdrèlira | Jêng Pangeran Mangkubumi | ngêsuk ngungkih saha bala | Kumpêni [Kumpê...]

--- 67 ---

[...ni] rolas kang mati | sakêdhap angunduri | ngidul ngilèn karsanipun | mêthuk Pangeran Rôngga | baris Gêbang duk ningali | mambu ilu pangrasane binalenan ||

17. maras miris tansah uwas | dhadhal angidul lumaris | kêbut mring Garompol desa | kang baris Sumêngka maksih | Mlayakusuma tindhih | lan Wiraguna Tumênggung | Tumênggung Ônggawôngsa | Mangkupraja lawan malih | kalimane Dyan Tumênggung Natayuda ||

18. Tuwan Balangkêr Kapitan | bitinge santosa trêtip | galugu rangkêp sakawan | panggenan mriyêm miranti | Pangeran Mangkubumi | pamêthuke tan kapêthuk | Kangjêng Pangeran Rôngga | mring kang raka anyidrani | wangsul ngalèr pangeran sabalanira ||

19. praptèng tanah Garobogan | ing Ramun kang dèn sanggrahi | Dipati Pugêr gya sowan | lan Pangran Mangkunagari | praptèng ngarsa ngabêkti | carocosan waspanipun | kang rama nênggak waspa | kamiwêlasên ningali | gya rinangkul kinuswa lungayanira ||

20. dinangu pangran aturnya | dhuh rama musthikèng bumi | budiman amartotama | kotamane angayomi | ngayomi sining bumi | satatane tyas pinutus | kontap prawirèng yuda | pêpundhèning pra bupati | Sukawati pasisir môncanagara ||

21. pukulun mila kawula | milalu nandhang prihatin | awit duk wontên Papringan | tinukup dening Kumpêni | bala dèrèng arakit | laju kinarakat purun | kinêpang kinakalang |

--- 68 ---

têmah kèthèr pothar-pathir | kuthetheran bala ambyar ting salêbar ||

22. singa panggah kasulayah | dadya giris miris ngisis | boga busana warastra | prabot kapraboning jurit | bebas rinampas tapis | sajuga tan wontên kantun | èsthining tyas kawula | ing nguni praptaning mangkin | datan liyan amung ngayom jêng paduka ||

23. marma ulun laju sowan | mung nêdya sêtya ngastuti | barang rèh karsa paduka | ngarah sumarah nglampahi | prapta ing lara pati | pangeran ngandika arum | kulup ingsun tarima | prasêtyanira mring mami | aywa susah sumaraha ing satitah ||

24. manawa iya manawa | ana pitulung Hyang Widhi | kang dhumawuh marang sira | wong tuwa wajib nuwani | ing mêngko karsa mami | sira ingsun atêr ngidul | mulih marang Kaduwang | sun galih kaya pakolih | mrih mêmulih wadyanira kang singidan ||

25. mangkana kangjêng pangeran | ing dina Wraspati Manis | akarsa miyos sinewa | aglar kang para bupati | dhawuh parênging galih | ing mangke santun jêjuluk | nama Kangjêng Pangeran | Adipati Sukawati | Senapatining Prang Pramuka Jayèngrat ||

26. sarta dhawuhkên timbalan | Bupati Dêmak ing mangkin | Dyan Tumênggung Suranata | jinunjung ingkang palinggih | saking ngandhap manginggil | karsa pinaring jejuluk | Dipati Suranata | kang sewaka saur pêksi | kanthi suka gustine asantun nama ||

27. sansaya agêng tyasira | sagung bupati myang mantri | pangeran sigra dhêdhawah | ingkang [ing...]

--- 69 ---

[...kang] kantun têngga baris | tindhih Pugêr Dipati | lan Brajadênta Tumênggung | Brajamusthi Jadirja | Tumênggung Rêksanagari | myang ing Warung Ngabèi Kartanagara ||

28. punggawa ingkang binêkta | Tumênggung Suryanagari | Mas Rôngga Wirasêtika | Tambakbaya datan kari | Samadipura malih | Ranadiningrat Tumênggung | Dipati Suranata | mung Gadamastaka kari | jaga lamun Kumpêni prapta ing Dêmak ||

29. lamun gêdhe kinèn oncat | angumpul lan Adipati | Pugêr anèng Garobogan | ing Balora kinèn gitik | wusnya gêlêng kang pikir | atêngara budhalipun | saking Ramun angetan | praptèng Sela ngidul malih | kèndêlira wayah tidhêming baskara ||

30. nèng Malela masanggrahan | ngutusi sêlir kêkalih | dalu padhang sami nabrang | ing Malela kidul kali | Pangran Mangkunagari | wontên abdi katri nusul | wong ing Matesih desa | dadya sadasa kang abdi | wanci wijiling surya sigra budhalan ||

31. wontên sèwu tigang dasa | wadya wahana turanggi | Pangeran Mangkunagara | lawan sapuluh kang abdi | panggenaning lumaris | kalêrês nèng ngarsanipun | kang rama datan pisah | lan panakawan anunggil | ingkang sami ngampil-ampil upacara ||

32. samana ing lampahira | praptèng Karja pukul katri | rêrêb sami masanggrahan | kunêng ingkang samya baris | Môndaraka Ngabèi | Yudanagara Tumênggung | kang anèng Pacangakan | sampun amiyarsa warti |

--- 70 ---

yèn pangeran ngatêrakên ingkang putra ||

33. sigra angundhangi bala | dhadhal amangidul sami | ngumpul pabarisan Taman | ingkang amawi Kumpêni | baris cilik narithik | sadaya mawur sumawur | maring Taman anunggal | ing dalu datan winarni | enjang budhal kang makuwon anèng Karja ||

34. wong Matesih abdinira | Pangeran Mangkunagari | wruh bubar kang pabarisan | Pangeran ing Sukawati | sawadyakuswa prapti | ngatêrakên putranipun | samya saos sêsêgah | rakit kapraboning jurit | kêkumpulan mantri jêro mantri jaba ||

35. têdhakira Jêng Pangeran | Sukawati duk ing wanci | pukul sawêlas sawadya | prapta anèng desa Bangsri | para mantri Matesih | prapta sagêgamanipun | kapalan pitung dasa | ngirid sêgah warni-warni | jodhang tenong asêlur dulur tan pêgat ||

36. tumpêng tumpuk tumpa-tumpa | opor bèbèk panggang pitik | gumêlar kongsi balabar | jêruk salak jambu kawis | dhuku pijêtan manggis | durèn gowok lan kapundhung | kêpêl mundhu kaleca | maneka warna mêpêki | wajik jênang jadah lèmpèng nèng karanjang ||

37. pangeran suka tumingal | katonton trêsnaning abdi | lajêng ngaturkên ing rama | bêktinipun para mantri | Pangeran Sukawati | marwata suta andulu | abdine ingkang putra | sabiyantu samya prapti | angandika Pangeran ing Sukawatya ||

38. kulup iku

--- 71 ---

balanira | saosna ing ngarsa mami | kang padha trêsna ing sira | wusnya majêng gya tiniti | sinabdan arum manis | saatur-ature katur | punika abdi cêlak | ingkang têbih dèrèng prapti | cacahira sawêg kuda pitung dasa ||

39. antara êlêt sadina | wontên wadya malih prapti | samya wahana turôngga | sikêp kapraboning jurit | cacahe winatawis | kumpulipun kalih atus | sawusnya tigang dina | nèng Bangsri anulya ngalih | masanggrahan urutipun dhusun Ngêmplak ||

40. kongsi ing samadya côndra | ingkang eyang lawan sêlir | kang kalanipun pangeran | asingidan marang wukir | tinitipkên wong dèsi | samana wus prapta nusul | myang wadya ing padesan | gili kapalan kang prapti | kumpulira kawan atus winatara ||

41. Tumênggunge uga prapta | samêkta kaprabon jurit | kang rama dhawuhkên budhal | kang putra sigra ngundhangi | wadyanira lumaris | nèng ngarsa dadya panganjur | angidul ingkang lampah | wanci diwasaning ari | prapta dhusun Palêksan amasanggrahan ||

42. sadalu enjinge budhal | ngidul minggah graning wukir | wau kang baris ing Taman | ing tyas sami sônggarunggi | dene Pangran Dipati | ing Sukawati mangidul | kathah kang wadyakuswa | sikêp kapraboning jurit | sigra nambur prajurit tan kêna obah ||

43. sami tata baris mêdal | Pangeran ing Sukawati | lampahe wus prapteng arga | Sêmbuyan makuwon [makuwo...]

--- 72 ---

[...n] sami | gya utusan nimbali | maring Ngumbul Sultan Dhandhun | kang rayi matur gêrah | Pangran Sukawati runtik | srênging karsa arsa dhatêngkên dêduka ||

44. Pangeran Mangkunagara | matur maripih mrih lilih | ywa kongsi kadawa-dawa | sêrêng runtiking panggalih | pangeran anuruti | mring kang putra aturipun | budhal saking Sêmbuyan | munggah tumurun ing wukir | laju ngilèn anjog bumi Pamasaran ||

45. kunêng kang maksih singidan | Pangeran Pamot miyarsi | lamun ingkang rama prapta | masanggrahan anèng Moki | sowan lajêng ngabêkti | ingaras lungayanipun | balane nusul kêmpal | wontên satus kang turanggi | ya ta Pangran Mangkudiningrat miyarsa ||

46. lamun ingkang rama prapta | Jêng Pangeran Sukawati | sigra sowan saha bala | sawontêne ingkang abdi | prapta lajêng nungkêmi | ing pada sarwi rawat luh | kumpule kang gêgaman | tigang èwu malah luwih | wuwuh-wuwuh wadyane para pangeran ||

47. nulya ngalih pasanggrahan | anèng dhusun Pucangsawit | myarsa yèn Kumpêni Taman | Kalikuning arsa prapti | pangeran tata baris | wus rinakit balanipun | nèng ara-ara wiyar | badhe pamêthuking jurit | ingantenan kongsi diwasaning surya ||

48. Kumpêni tan ana prapta | pakuwone sigra ngalih | nèng Pagêr gêlêngkên rêmbag | badhe mukul ing Matawis | nèng Pagêr tigang ratri | enjang têngara gumuruh | budhal kang balakuswa | balabar mênuhi [mênuh...]

--- 73 ---

[...i] margi | marga agêng kang kambah kèbêkan wadya ||

49. saari dènnya lêlampah | kèndêl Kamalon sawêngi | enjing atêngara budhal | karsa manjing ing Matawis | ing Parambanan prapti | ingkang minôngka panganjur | Pangran Mangkudiningrat | sampun malêbèng Matawis | pra pangeran sakawan angguladrawa ||

20. Pangeran Mangkubumi anggêbag Mataram, botên angsal damêl lajêng mangalèr, nêluk-nêlukakên, dumugi Grobogan, Blora, Jipang.

23. Dhandhanggula

1. ya ta wau lampahira prapti | amakuwon pangeran sakawan | sawetaning Pasar Gêdhe | wadyanira gumuruh | wong padesan dipun rayahi | gègère apuyêngan | duk angsal sadalu | angilèn arsa umangsah | nocok bata kang putra wus dèn dhawuhi | Pamot Mangkudiningrat ||

2. saking êlèr gènnya magut jurit | Pangran Dipati Mangkunagara | saking wetan umangsahe | kang kabêbahan kidul | Adipati ing Sukawati | wusnya rakit gya surak | swarane gumuruh | majêng marêpêki bata | binêdhilan saking sanginggiling biting | wadya kathah kabranan ||

3. punggawane Pangran Sukawati | Rôngga Wirasêtika kabranan | kêna mimis ing kempole | winuwung saking panggung | bêdhil pistul tan [ta...]

--- 74 ---

[...n] anggop muni | kang ngrangsang kapurancang | buncur ting galuyur | binandhêman bata sela | dadya mundur wadyabala Sukawati | giris mimis lir jawah ||

4. datan kongkih dèn ungkih ing jurit | lawang roro mriyême nyakawan | miranti obat mimise | mangkana undhang sampun | Jêng Pangeran ing Sukawati | tuwin kang para putra | undure mangidul | kèndêl dhusun Kapurancak | masanggrahan sadalu budhale enjing | ngalèr anjog ing Warak ||

5. wadyabalanira ngrayah sami | kalih ari anèng dhusun Warak | enjang angetan budhale | gantya ingkang winuwus | baris Taman lan Kalikuning | angumpul anèng Gondhang | sakumpêninipun | dragundêre wolung dasa | Litnan Kèbêr lawan Tuwan Litnan Wati | myang bupati sakawan ||

6. Jawikrama lawan Rajaniti | Yudanagara myang Naladirja | wontên salawe mantrine | kumpule kudanipun | wontên wolung atus watawis | tan cinatur kang dharat | rêmbag arsa mêthuk | wus samêkta gya budhalan | ngadhang kidul ing Kêmbang nulya kaèksi | baris kang mlampah ngetan ||

7. Litnan Sakèbêr samya prajanji | lawan para bupati sakawan | dalah sapara mantrine | singa ninggal lumayu | aywa nganti nêmu basuki | gêlêng golonging sêdya | Kumpêni gya nambur | mungsuh pinêdhot ing têngah | Tuwan Litnan Sakèbêr mangsah angungkih | kang tinêrak samana ||

8. nuju Pangeran Pamot kang baris | binendrong [bi...]

--- 75 ---

[...nendrong] ing sanjata wus dhadhal | Sakèbêr angamuk dhewe | anyakot lambenipun | kongsi nêdhas rahira mijil | malêdug kang tinunjang | wau garwanipun | Pangeran Pamot kapêlak | dhawah saking turôngga dèn parêpêki | mring Sakèbêr cinandhak ||

9. Pangran Adipati Sukawati | angandhêgi kang lumayu samya | kinèn ngungsi nèng wurine | dadya campuh atêmpuh | rame ulêng dènira jurit | Pangran Mangkudiningrat | wus têbih katawur | Pangeran Mangkunagara | sigra wangsul miyat ingkang rama jurit | anadhahi Walônda ||

10. wong Kumpêni kalih ingkang mati | tatu satunggal wong Sukawatya | kasaput dalu yudane | anulya samya mundur | Jêng Pangeran ing Sukawati | lawan Mangkunagara | ngalèr lampahipun | Pamot lan MakudiningratMangkudiningrat. | pan katawur lumayu madyaning jurit | tan adangu samana ||

11. Pangran Pamot kapanggih ing margi | namung Pangeran Mangkudiningrat | tan ana wruh ing puruge | wau ta lampahipun | diwasaning hyang bagaspati | prapta ing dhusun Kopat | amakuwon sampun | Pangeran Mangkudiningrat | wus kapanggih sawadyabala umiring | enjang sigra budhalan ||

12. samya aris dènira lumaris | pukul tiga jawah angin prapta | pangran rêrêb sabalane | anèng dhusun Lêmuru | sakilèning Dêlanggu margi | prasamya pirêmbagan | mamrih pêncaripun | ing baris aja anunggal | adhêdhawah Jêng Pangeran Sukawati | kulup Mangkunagara ||

--- 76 ---

13. sira balia mangetan maning | kulup Pamot lan Mangkudiningrat | balia mangidul manèh | dèn pêncar aja kumpul | padha madêg baris pribadi | nêmbah pangran têtiga | sandika turipun | wijiling baskara budhal | pêpisahan Jêng Pangeran Sukawati | mangalèr saha wadya ||

14. mêdal margi agêng ingkang baris | kunêng nagari ing Surakarta | wusnya atas pamyarsane | pangran sawadyanipun | saking Dlanggu ngalèr lumaris | paran ingkang kinarsan | nindyamantri gupuh | lawan oprup pêparentah | maring wadya asiyaga pacak baris | ana ing lurung aglar ||

15. mantri pacalang atur udani | lamun Pangeran ing Sukawatya | laju mangalèr lampahe | wadyakoswa asêlur | badhe kèndêl tinawas warti | tiniti kang pacalang | dening tuwan oprup | wusnya têrang pêparentah | angundhangi bibarkên wadya kang baris | winarna Jêng Pangeran ||

16. Adipati Sukawati prapti | ing Pawêdhèn Majênang parentah | Suranata sabalane | kinèn ngalèr akumpul | barisipun Pugêr Dipati | myarsa Kumpêni prapta | angatêr Tumênggung | ing Dêmak Martanagara | lawan Wiranagara wong Dêmak sami | kang lèr suyud Walônda ||

17. mung kang kidul tan anut Kumpêni | anut Adipati Suranata | Gadamastaka kalihe | inggih pangidhêpipun | wong ing Dêmak ingkang sapalih | Dipati Suranata | bidhal ngalèr sampun | nusul Pugêr Adipatya | ngalèr ngetan ri sampunira [sa...]

--- 77 ---

[...mpunira] pêpanggih | nèng barisan Malowa ||

18. pêpak andhèr sagunging bupati | Pangran Tumênggung Gadamastaka | ugi anunggil barise | mêntas andon anglurug | bêdhah ingkang Balora nagri | Tumênggung Wilatikta | Balora wus ngumpul | Suranata awêwarta | yèn pangeran masanggrahan Pêlêm dèsi | wusnya rêrêp watara ||

19. Adipati Pugêr myarsa warti | wontên Kumpêni saking ing Jipang | ngrêbat Balora sêdyane | dipati undhang sampun | angirabkên sagunging baris | Rôngga Wirasêtika | ingkang atut pungkur | Pangeran ing Sukawatya | wus miyarsa sigratur uningèng gusti | lamun Bupati Jipang ||

20. kanthi tigang atus Bugis Bali | dragundêre amung pitung dasa | nèng Darapulu barise | sandi arsa mangrêbut | ing Balora nanging pawarti | arsa nêmpuh pangeran | pangran ngandikarum | hèh Rôngga sira karia | lan Jadirja sakancanira dèn bêcik | ingsun ngalor tumêdhak ||

21. punggawa papat bae kang ngiring | sira kabèh padha akaria | kêpungên Sumêngka bae | pangeran budhal sampun | ngalèr ngetan anjog ing Silip | Dipati Pugêr prapta | lan sakancanipun | anèng sakilèn Balora | pangran kidul wetan Balora abaris | wêwêngkon tanah Jipang ||

22. wong Kumpêni pan lagya lumaris | pinêthukkên sajawining wana | ginêlaran ing yudane | cêlak lajêng acampuh | wong Kumpêni asru ngêdrèli | tarung amung sakêdhap |

--- 78 ---

lajêng sami mawur | wadyabalane pangeran | mawurira malbèng wana nganan ngiri | anggubêd maring wuntat ||

23. laju nêmpuh kotbuta mangungkih | Bali Bugis Jawa kang tinrajang | puyêngan gugup agègèr | arame campuhipun | pangerane ngawaki jurit | dangu ulêng-ulêngan | mungsuh Jawa sumyur | mawur katawur lumajar | dragundêre dèrèng sagêd anulungi | kasêlut papanira ||

24. Bali Bugise kathah ngêmasi | kalih atus anulya dèn tilar | awor gêlasah bangkene | angetan lampahipun | Jêng Pangeran ing Sukawati | sawadya masanggrahan | anèng Darapulu | pangeran sigra utusan | andhawuhi marang Pugêr Adipati | myang sagung pra bupatya ||

25. kinèn wangsul amangidul malih | baris anèng tanah Sukawatya | ambêbidhunga barise | Kumpêni kang kêkuwu | nèng Sumêngka akarya biting | kang kinon gya budhalan | wau kang winuwus | Jêng Pangeran Sukawatya | amiyarsi yèn Bupati Jipang baris | wontên ing Pagêrwaja ||

26. cucuking prang sutane bupati | nama Dyan Panji Kartawijaya | Bulukumêndhung barise | wontên dêdamêl sèwu | sakantune bala Kumpêni | ajrih wangsul mangetan | ngidul ngilèn laju | nunggil baris ing Sumêngka | jêng pangeran lajêng mangetan lumaris | prapta Jêruk samana ||

Nyandhak jilid 3.

--- [0] ---

Isinipun

... Kaca

10. Angubrês Sultan Dhandhun Martèngsari, Pangeran Singasari ... 8

11. Pangeran Mangkubumi, saking rêdi ing Garigal anggêpuk ing Grobogan sarta ing Dêmak ... 13

12. Kumpêni ngubrês Pangeran Pamot lan Pangeran Mangkunagara ... 19

13. Kumpêni wontên ing Burêng kenging apusipun Surajaya ... 26

14. Wontên ing dhusun Papringan Pangeran Mangkunagara dipun gêcak Kumpêni ... 32

15. Pangeran Mangkunagara wontên ing padhepokan Samakaton ... 39

16. Mayor damêl dora sêmbada, mêjahi tiyang dipun awatakên Pangeran Mangkunagara lan Pangeran Pamot ... 44

17. Baris Kumpêni wangsul dhatêng Sala. Mayor badhe dipun bêsêli Patih Pringgalaya sarta Sindurja ... 51

--- [0] ---

... Kaca

18. Pangagêng Walandi ing Sala santun oprup, Pangeran Mangkunagaran nglajêngakên lampah badhe sowan ingkang rama Pangeran Mangkubumi ... 58

19. Pangeran Mangkunagara kapanggih Pangeran Mangkubumi, lajêng kaêtêrakên wangsul mangidul ... 64

20. Pangeran Mangkubumi anggêbag Mataram, botên angsal damêl lajêng mangalèr, nêluk-nêlukakên dumugi Grobogan, Blora, Jipang ... 73