Sastra Jawa

Program Digitalisasi Sastra Daerah

  • Increase font size
  • Default font size
  • Decrease font size

Babad Giyanti, Balai Pustaka, 1937-39, #985 (Jilid 03)

Katalog:Babad Giyanti, Balai Pustaka, 1937-39, #985
Sambung:
1.Babad Giyanti, Balai Pustaka, 1937-39, #985 (Jilid 01). Kisah, Cerita dan Kronikal | Babad Giyanti #1061.
2.Babad Giyanti, Balai Pustaka, 1937-39, #985 (Jilid 02). Kisah, Cerita dan Kronikal | Babad Giyanti #1062.
3.Babad Giyanti, Balai Pustaka, 1937-39, #985 (Jilid 03) . Kisah, Cerita dan Kronikal | Babad Giyanti #1063.
4.Babad Giyanti, Balai Pustaka, 1937-39, #985 (Jilid 04). Kisah, Cerita dan Kronikal | Babad Giyanti #1064.
5.Babad Giyanti, Balai Pustaka, 1937-39, #985 (Jilid 05). Kisah, Cerita dan Kronikal | Babad Giyanti #1065.
6.Babad Giyanti, Balai Pustaka, 1937-39, #985 (Jilid 06) . Kisah, Cerita dan Kronikal | Babad Giyanti #1066.
7.Babad Giyanti, Balai Pustaka, 1937-39, #985 (Jilid 07). Kisah, Cerita dan Kronikal | Babad Giyanti #1067.
8.Babad Giyanti, Balai Pustaka, 1937-39, #985 (Jilid 08) . Kisah, Cerita dan Kronikal | Babad Giyanti #1068.
9.Babad Giyanti, Balai Pustaka, 1937-39, #985 (Jilid 09). Kisah, Cerita dan Kronikal | Babad Giyanti #1069.
10.Babad Giyanti, Balai Pustaka, 1937-39, #985 (Jilid 10). Kisah, Cerita dan Kronikal | Babad Giyanti #1070.
11.Babad Giyanti, Balai Pustaka, 1937-39, #985 (Jilid 11) . Kisah, Cerita dan Kronikal | Babad Giyanti #1071.
12.Babad Giyanti, Balai Pustaka, 1937-39, #985 (Jilid 12). Kisah, Cerita dan Kronikal | Babad Giyanti #1072.
13.Babad Giyanti, Balai Pustaka, 1937-39, #985 (Jilid 13) . Kisah, Cerita dan Kronikal | Babad Giyanti #1073.
14.Babad Giyanti, Balai Pustaka, 1937-39, #985 (Jilid 14) . Kisah, Cerita dan Kronikal | Babad Giyanti #1074.
15.Babad Giyanti, Balai Pustaka, 1937-39, #985 (Jilid 15) . Kisah, Cerita dan Kronikal | Babad Giyanti #1075.
16.Babad Giyanti, Balai Pustaka, 1937-39, #985 (Jilid 16). Kisah, Cerita dan Kronikal | Babad Giyanti #1076.
17.Babad Giyanti, Balai Pustaka, 1937-39, #985 (Jilid 17). Kisah, Cerita dan Kronikal | Babad Giyanti #1077.
18.Babad Giyanti, Balai Pustaka, 1937-39, #985 (Jilid 18). Kisah, Cerita dan Kronikal | Babad Giyanti #1078.
19.Babad Giyanti, Balai Pustaka, 1937-39, #985 (Jilid 19). Kisah, Cerita dan Kronikal | Babad Giyanti #1079.
20.Babad Giyanti, Balai Pustaka, 1937-39, #985 (Jilid 20). Kisah, Cerita dan Kronikal | Babad Giyanti #1080.
21.Babad Giyanti, Balai Pustaka, 1937-39, #985 (Jilid 21). Kisah, Cerita dan Kronikal | Babad Giyanti #1081.

Serie No. 1259b

Babad Giyanti

Anggitanipun Radèn Ngabèi Yasadipura I ing Surakarta.

Jilid 3.

Bale Pustaka - 1937 - Batawi Sèntrêm.

--- [2] ---

Wêwênangipun ingkang ngarang kaayoman miturut anggêr ingkang kapacak ing Sêtatsêblad 1912 No. 600.

--- [3] ---

Pangeran Mangkubumi anggêbag Mataram, botên angsal damêl lajêng mangalèr, nêluk-nêlukakên dumugi Grobogan, Blora, Jipang.Miturut babon ingkang sumimpên ing Kon. Bat. Gen. v. K. en W.

27. pan kapêthuk wong Bali satunggil | Bali bule nama Yudaningrat | sowan suwita sêdyane | lamun kalilan sanggup | ngirit bêkta kancane malih | wong Bali kawan dasa | dèn ajak sêdarum | sêdyane sampun tinampan | jêng pangeran nuduh punggawa anggitik | baris ingkang pangarsa ||

28. Radèn Tambakbaya kang nindhihi | kanthi Tumênggung Ranadiningrat | budhal sawadyabalane | praptèng Bulu Kumêndhung | lajêng campuh rame ajurit | Panji Kartawijaya | sinêrot lumayu | rowange mati limalas | sampun bêdhah ing Bulu Kumêndhung baris | ngungsi ing Pagêrwaja ||

29. Bulu Kumêndhung wus dèn êbroki | prapta malih Bali Yudaningrat | lawan têtiga kancane | dene kang patang puluh | sagah sami mêthuk ing margi | lamun pangeran têdhak | dhatêng Majaranu | wusnya kalih dalu budhal | saking Bulu Kumêndhung arsa anggitik | kang baris Pagêrwaja ||

30. Pangran Adipati Sukawati | anèng marga nampèni cundaka | yèn Petor Grêsik upase | mantri Tuban Sadayu | kait nungkul biyantu budi | pangran sigra utusan | kanthi sêrat dhawuh | mring kalih Bupati Jipang |

--- 4 ---

wus umêsat caraka tan dangu prapti | barisan Pagêrwaja ||

31. sêratipun sampun dèn tampèni | dening Tumênggung Mangkunagara | Wôngsanagara kalihe | kadhadha raosipun | amangsuli tumênggung kalih | maring mantri caraka | kônca dika matur | gènipun kangjêng pangeran | paring dhawuh sayêktine kula pundhi | nanging dipun sarônta ||

32. kula raos-raosipun dhingin | sanès ari kula atur wikan | gêlênge kônca rêmbuge | caraka nulya wangsul | saungkure bupati kalih | prasamya pirêmbagan | sakecaning laku | nungkul miwah mapag yuda | lan têlike dinangu tiniti-titi | kathahe balakuswa ||

33. turing têlik nêmatus tan luwih | kêkapalan kang dharat sanambang | baris Pagêrwaja kabèh | tri èwu wolung atus | gunggungipun cacah prajurit | pan sèwu kapat bêlah | kêkapalanipun | rongèwu tri atus dharat | para mantri duk myarsa aturing têlik | rêmbag amapag yuda ||

34. wênèh rêmbag dèn rèrèh kariyin | suraosing srat samya rinasa | ginagas mrih sakecane | Mangkunagri Tumênggung | sigra maos kang ponang tulis | mangkana wuryanira | pèngêt layang ingsun | Jêng Gusti Pangran Dipatya | Sukawati senapatining ajurit | ing pramuka jayèngrat ||

35. dhumawuha mring karo bupati | kang abaris anèng Pagêrwaja | ingsun sung wêruh wiyose | kalamun arsa rawuh | dèn abêcik gonira cawis |

--- 5 ---

manawa kurang obat | mimis maryêm agung | sun anti ngalumpukêna | lamun uwis santosa sira dèn nuli | tur wikan ingsun prapta ||

36. duk midhangêt raosing kang tulis | para mantri anglês tyas amaras | sirna daya kawanène | nanging kalamun dalu | kèhing bala kang samya baris | tuwuh sudiranira | dadya tansah eyung | dèrèng gumolong kang rêmbag | kunêng gantya wuwusên Pangran Dipati | Sukawati utusan ||

37. ngantêp Bupati Jipang kêkalih | Ranadiningrat ingkang dinuta | pinapantês panganggène | lancingan panjèn wungu | rasukane kuwantong adi | kancing rasukan timang | sarwa sotya murub | asabuk cindhe puspita | udhêng jingga nyampinge samboja mijil | katri ponang curiga ||

38. mawi carabalèn kang satunggil | samya agême kangjêng pangeran | pinaringkên kinèn ngangge | dene ingkang tut pungkur | pinaringan mantri pinilih | sèkêt sinung busana | kêling bêbêdipun | èpèk renda timang êmas | rasukane naracak baludru langking | binudir ponang anggar ||

39. dhuwung kang ingangge myang winangking | pêndhok samya kancana tatahan | dalah saupacarane | Ranadiningrat sinung | upacara agêming gusti | mantri pinilih samya | mung ingakên batur | bature Ranadiningrat | wusnya rakit samêkta salir piranti | sigra anulya budhal ||

40. apan samya wahana turanggi | sinongsongan [sinongsong...]

--- 6 ---

[...an] Dyan Ranadiningrat | dhasar sarigak sêmune | wayah suta têtêlu | sinêmbuh ing busana adi | kucêm ingkang umiyat | prapta lampahipun | sajawine pabarisan | Dyan Tumênggung Ranadingrat samantri | mudhun saking turôngga ||

41. banderane linêlêt tumuli | sigra nuduh mantri kang dinuta | sajuga dharat lampahe | anuntun kudanipun | camêthine pan sinangkêlit | datan amawi tumbak | lampahira sampun | manjing jroning pabarisan | samya usrêg kumrêsêg pating kalêsik | caraka pinanggihan ||

42. duta matur kawula tinuding | dhatêng putra paduka Ki Lurah | Ranadiningrat wiyose | nêrang punapa antuk | kyai lurah martamu mriki | kalih Bupati Jipang | amangsuli arum | paran ing darunanira | yèn tan kêna de anak ingutus gusti | ywa kongsi wancakdriya ||

43. nêdha nuli andika aturi | anak Tumênggung Ranadiningrat | caraka wangsul lampahe | prapta lajêng umatur | lah suwawi dipun aturi | malêbèng pabarisan | samana wus laju | Tumênggung Ranadingrat | ingiringkên kang para mantri pinilih | prapta atata lênggah ||

44. surêm kucêm bupati myang mantri | aclum mêsum kasoran busana | Ranadiningrat têmbunge | dhuh paman dyan tumênggung | prapta kula ingutus gusti | makatên kang timbalan | bupati kang tugur | Pagêrwaja dhawuhana | rèhning tanpa Walônda sun paring peling | aran padha wong Jawa ||

45. lamun wangkot tan gatèkkên peling | sun têmêni [tê...]

--- 7 ---

[...mêni] têmah siya-siya | tumênggung kalih ature | anak radyan tumênggung | kula yêkti sampun atampi | karsane jêng pangeran | ngowêl abdinipun | wabatinan walairan | kadi sampun kagalih ing kangjêng gusti | raos ingkang mangkana ||

46. Ranadiningrat mangsuli aris | yèn makatên angsal kabatinan | sampun katawis laire | ing batin ujubipun | kangjêng gusti angagêm batin | kolura kabatinan | lair dèn kacukup | pasthi yèn sampun katrima | nanging mangke ing rèh sampun ngatawisi | kêdah pinukul ing prang ||

47. mantri Sidayu kalawan Tubin | angaturi gangsal atus reyal | lan nyakêmbaran karbine | cindhe anglimang kayuh | Dyan Tumênggung Jipang kêkalih | ngaturi nyèwu reyal | tinampan sadarum | Tumênggung Ranadiningrat | pan sinungan pangangge anulya pamit | mantuk samantrinira ||

48. dupi angsal saojotansaonjotan. nuli | ngungêlakên sanjata ping sapta | baris simpênan wêdale | saking Bulu Kumêndhung | lawan Ranadiningrat panggih | sampun sami winêkas | kapalan tri atus | nglanggar baris Pagêrwaja | Radèn Tambakbaya kang nindhihi baris | tarung lèrès kewala ||

49. baris Pagêrwaja sampun gusis | kunêng Tumênggung Ranadiningrat | sampun prapta ing lampahe | anèng Bulu Kumêndhung | laju marêk ngarsaning gusti | tur warta lampahira | yèn mantri tumênggung | kang abaris Pagêrwaja | samya tundhuk sêtya tuhu jroning batin | lan ngaturkên [ngaturkê...]

--- 8 ---

[...n] pratôndha ||

50. tigang èwu ingkang warni picis | warni karbin angalih kêmbaran | sadasa kayuh cindhene | pangeran suka langkung | sigra dhawuh budhalkên baris | marang ing Pagêrwaja | ing sarawuhipun | sadalu nèng Pagêrwaja | enjang bidhal têdhak ing Jipang nagari | anèng marga kapapag ||

51. lawan Yudaningrat bule Bali | bêkta kancanira kawan dasa | kang cinatur pangarêpe | Carangsoka ranipun | Prabakesa lan Pudhakmiring | Barak Jayalêksana | Têgal Angun-angun | kalawan Surajênaka | Pulangrêsmi Pulangsari Kartasari | Kumitir Kanigara ||

52. Baukara miwah Caranggadhing | Kêbolajêr lan Banyakparwata | samya tinimbalan andhèr | pangeran sukèng kalbu | aningali têtiyang Bali | pinaringan turôngga | wadya patang puluh | bêbêd kalawan rasukan | nanging dèrèng panganggenira sinami | mangkana jêng pangeran ||

53. wusnya rêrêp nèng Jipang saratri | laju budhal saking nagri Jipang | wangsul ngilèn sabalane | anèng wana kêkuwu | wana Sambèng Jipang kang bumi | atata wadyabala | wong Jipang kang tumut | Dêmang Suradimanggala | acungane Tumênggung Wôngsanagari | gantya kang winursita ||

54. tuwan gupnur wus miyarsa warti | prang ing Jipang Kumpêni tumpêsan | ingkang kapupu cacahe | Bugis Bali rongatus | Kumpênine putih mung kalih | kasêlut ênggènira | tan antuk têtulung | wangsul angetan kadhangan | dadya

--- 9 ---

ngilèn saking bingung rêbut urip | ngumpul baris Sumêngka ||

55. sigra parentah bantu ing jurit | wong Kumpêni lan wong Surabaya | kang kalih èwu cacahe | Madura kalih èwu | gêgununganira kêkalih | Panji Sumanagara | dene sisihipun | ran Panji Rêksanagara | Tambakbaya Jayasukêrta Ngabèi | mantri ing Surabaya ||

56. langkung agêng bantu ingkang prapti | maring Jipang gupêrnur parentah | tiyang Kumpêni barise | kinon bubar sadarum | kang nèng Taman lan Kalikuning | mantuk mring Surakarta | lawan malihipun | Sakèbêr myang Wati Litnan | pan ingangkat pangkat kapitan kêkalih | dumunung jroning praja ||

57. kacarita kang nèng Sukawati | bala Kumpêni lan pra bupatya | dhusun Sumêngka barise | sangêt prihatinipun | datan sagêd mingkêt sanyari | sampun pitulas dina | tan ana wong cucul | rina wêngi pinaranan | saking sangêt bathêthêt wong Sukawati | bêndarane tan ana ||

58. sawêg gitik ing Jipang nagari | muhung lamun pangerane ana | sarèh rèrèh pratingkahe | yèn sêpi gustinipun | sasolahe anggêgirisi | gêgila tanpa ulap | lir wong luput sêmbur | Dyan Tumênggung Jayadirja | Brajadênta lan Tumênggung Brajamusthi | Rôngga Wirasêtika ||

59. Suryanagara Pugêr Dipati | lawan Tumênggung Rêksanagara | Samadipura malihe | Wilatikta Tumênggung | Natasingron Kartanagari |

--- 10 ---

Lurah Dêmang Bênggala | nênêm pra tumênggung | ingkang tukang anyêlambrang | ngalang-alang kapitu Pugêr Dipati | wantêr cucut aguna ||

60. tuwin para mantri alit-alit | ingkang darbe kapalan nyadasa | esuk sore ting kalèncèr | yèn dalu pra tumênggung | ngêpung mubêng ngubêngi baris | gêgiro karya gila | anggilani mungsuh | rina tumênggunge bubar | laju gilir para mantri alit-alit | prapta karya asmara ||

21. Saking Jipang mangilèn, campuh kalihan wadyabala Kumpêni ing salèripun rêdi Kêndhêng, lajêng yasa kitha ing Jakawal

24. Asmaradana

1. kunêng malih kang winarni | gupêrnur nagri Samarang | Tuwan Baron Hogêndhorop | parentah mring pra bupatya | pasisir ing bang wetan | bang êlèr kêrig sadarum | kinon bantu maring Jipang ||

2. gupêrnur arsa nêdhaki | bantu angawaki yuda | bupati pasisir kabèh | sawusnya tampi parentah | sigra samêktèng wadya | cinatur tuwan gupêrnur | wus angirabakên bala ||

3. budhal saking ing Samawis | wadya Kumpêni balabar | prapta ing Dêmak lampahe | gupêrnur amatah wadya | dragundêr pitung dasa | ingkang dharat kalih atus | samya asikêp sanjata ||

4. Mayor Pal ingkang nindhihi | kanthi wadyabala Jawa |

--- 11 ---

pan sakawan bupatine | kang kalih Bupati Dêmak | lan Kudus kalih pisan | parentahira gupêrnur | kinèn gitik Garobogan ||

5. bidhal baris kang tinuding | gupêrnur lajêng mangetan | duk prapta Jipang lampahe | dêdamêl ing Surabaya | Madura sampun prapta | miwah pasisir sadarum | pêpak kumpul anèng Jipang ||

6. gantya wau kang ginupit | nagari ing Surakarta | sri narendra dhawuh age | marang Salotêr Kapitan | bantu baris Sumêngka | ingkang ngatêr lampahipun | para mantri jro sadaya ||

7. samana kêrigan mantri | gêdhong kalawan kaparak | miwah mantri kadipatèn | ngatêr Salotêr lampahnya | wus budhal saking praja | kadi wontên kuda sèwu | Kumpênine pitung dasa ||

8. praptèng tanah Sukawati | Salotêr sabalanira | tansah binedhung lampahe | mring sagunging wong padesan | ing kanan keri marga | pating kalicir tut pungkur | anggêgila tanpa ulap ||

9. lamun dèn aruh-aruhi | dêgsura daluya dadra | barubul prapta rowange | nora ngobêri wong liwat | alase awoh jaran | giyuhing tyas kang lêlaku | rêriwuk samarga-marga ||

10. lamun linawan ngoncati | laju Salotêr lampahnya | ngampiri baris Garompol | Tumênggung Kartanagara | sawadyabalanira | ingajak ngalih angumpul | anèng barisan Sumêngka ||

11. Tumênggung Kartanagari | pêparentah marang [ma...]

--- 12 ---

[...rang] bala | bubarkên baris Garompol | budhal tan winarnèng marga | praptane ing Sumêngka | Salotêr kapanggih sampun | lawan Balêngkêr Kapitan ||

12. miwah kang para bupati | wus agung baris Sumêngka | sami sirna prihatine | Salotêr tampi parentah | Kumpêni saking Jipang | kinon angatêrna mantuk | gupêrnur wus anèng Jipang ||

13. baris anèng desa Gêrit | wong Madura Surabaya | kumpul nèng Gêrit barise | Salotêr apirêmbagan | Blangkêr kinèn ngatêrna | Kapitan Bêlangkêr mingkuh | miris maras yèn rinampas ||

14. dene Pangran Mangkubumi | muwêr anèng wana Jipang | ing Darapulu barise | Salotêr dadya bramantya | pan iku karyanira | iya dudu gaweningsun | ingsun mung bantu kewala ||

15. mungguhing barisan iki | maksih têtêp wajibira | malah baris ing Garompol | kang ora bisa anunggal | lawan baris Sumêngka | ingsun uwis atêtulung | kumpule lawan Sumêngka ||

16. Bêlangkêr merang mangsuli | iya nanging pra bupatya | iku ingsun gawa kabèh | lan rèh ingsun wong Walônda | sun pinta angatêrna | Salotêr sru wuwusipun | ya kabèh gawanên padha ||

17. nadyan mariyême iki | lamun arsa sira gawa | iya ingsun gawakake | pan ingsun môngsa wêdia | amung gêgawaningwang | saka Surakarta iku | wong Jawa miwah Walônda ||

18. mangkana ingkang kawarni | Dipati Pugêr kumpulan | lawan pra bupati [bupa...]

--- 13 ---

[...ti] kabèh | rêmbag sami ngaturana | marang ing gustinira | kang muwêr nèng Darapulu | lan gupêrnur jêng-ajêngan ||

19. Dipati Pugêr lingnyaris | kèh Kumpêni saking Sala | punika têlik tuture | arsa budhalan mring Jipang | nanging watara kula | pangeran arsa kinêpung | gupêrnur kang saking wetan ||

20. pangeran kula aturi | yèn rêmbag kônca sadaya | pra bupati wangsulane | jumurung mangayubagya | lingnya sang adipatya | Suryanagara sirèku | kang sun patah ngaturana ||

21. kondur marang Sukawati | samar sun gupêrnur prapta | dene ingkang kapindhone | ingsun iki tômpa layang | saka Pangeran Rôngga | pradikan ing Kadilangu | nêdya seba mring pangeran ||

22. minta pinapag pribadi | nyuwun patêmon nèng Kampak | kang kinon sandika ture | sigra budhal saha bala | satus kang kêkapalan | kang dharat mung pitung puluh | kêkalih banderanira ||

23. ing marga datan winarni | lampahe Suryanagara | wus prapta pabarisane | kagyat sami pinariksa | katur Suryanagara | kang prapta sabalanipun | sigra kinèn nimbalana ||

24. Suryanagara wus prapti | anungkêmi ngaras pada | wotsari dêkung ature | gusti paduka ngaturan | abdi dalêm pun kakang | kondura ngilèn pukulun | pangeran alon ngandika ||

25. iya kaya priye adhi | sun lagi ayun-ayunan | lan Si Gupêrnur Hondhorêp |Guru lagu seharusnya: 8o, lan Si Gupêrnur Hondhorop. tur sêmbah ingkang liningan |

--- 14 ---

Kumpêni ing Sumêngka | sampun kathah bantunipun | kawarti badhe mangetan ||

26. paduka arsa dèn supit | lan abdi dalêm pun kakang | ing mangke tampi sêrate | Kadilangu Pangran Rôngga | lamun parêng ing karsa | sêdya sowan jêng pukulun | wontên kiwa têngên Kampak ||

27. jêng pangeran ngandikaris | iku wajib tinurutan | trah guru ana kajate | sigra dhawuha samêkta | ngungkung têngaranira | budhal saking Darapulu | wus kêbut sawadyabala ||

28. sigêgên ingkang lumaris | gantya ingkang cinarita | kadya sarêng lampahane | ginanti dhapuring kôndha | santana Surakarta | Pangran Silarong ranipun | lolos saking jroning praja ||

29. nêdya dhatêng ing Matawis | tinulak Jayawinata | dadya mangetan lampahe | ngungsi maratuwanira | Dipati Pranaraga | pinurih ngadêgna ratu | dyan dipati anggraita ||

30. dudu sêdyane wong iki | daya kalamun bagusa | kudu madêg narakatong | dyan dipati tan darana | pangran cinêkêl sigra | kinintunkên mring gupêrnur | ingkang baris anèng Jipang ||

31. pinusara cindhe abrit | sapraptanira ing Jipang | katur Gupêrnur Hondhorop | kang baris grit bumi Jipang | Pangran Silarong sigra | cinangkalak ing pring wulung | ingkang sakempol gêngira ||

32. sawusira dèn prantèni | wau kang dadya lêlaran | sira Pangeran Silarong | anèng jroning pabarisan | ing gêdhong dunungira | jawining pintu [pi...]

--- 15 ---

[...ntu] gupêrnur | antara ari pangeran ||

33. saking putêk tyas ngranuhi | dadya ngrêbut kris Makasar | kang jaga lajêng pinopor | nulya katulungan kathah | pinoporan kewala | sedane wontên ing ngriku | ginêbugan ing sanjata ||

34. sinarèkakên ing Giri | gupêrnur parentahira | kunêng malih winiraos | Balangkêr wus budhal enjang | saking baris Sumêngka | bupati kang ngatêr laku | Dyan Arya Mlayakusuma ||

35. Mangkupraja lawan malih | Dyan Tumênggung Wiraguna | Natayuda kalimane | Dyan Tumênggung Wiradigda | Tumênggung Kartadipa | myang Ônggawôngsa Tumênggung | Tumênggung Kartanagara ||

36. dragundêre kang umiring | satus patang puluh kèhnya | tri atus cacah dharate | ya ta wau lampahira | Kumpêni lan pangeran | anèng ing wana kapêthuk | rame prang sami pangarsa ||

37. dêdêr-dinêdêr agênti | pra bupati Surakarta | prasamya ngawaki kabèh | Tumênggung Kartanagara | Tumênggung Wiradigda | lan Ônggawôngsa Tumênggung | Wiraguna Natayuda ||

38. miwah ingkang para mantri | kaliwon Kartanagaran | sami bapang pangamuke | Ngabèi Tambaknagara | arine Tambakbaya | dadya pramukaning pamuk | datan nêdya gumingsira ||

39. bupati ing Sukawati | sira Radèn Tambakbaya | duk umiyat mring arine | ambapang pangamukira | nyimpang tan nêdya lawan | pra bupati kancanipun | mire anut Tambakbaya ||

40. wadyalit anut bupati | pangiride ing prang

--- 16 ---

sêmpal | manawa dudu tangguhe | jêng pangeran anut nyimpang | giwar amrih kang lêga | wus dhadhal sawadyanipun | kang ubêt prapta ing wuntat ||

41. dadya wus samya lêstari | kang ngulon miwah kang ngetan | kadya sêsimpangan bae | tan ana ingkang kacurnan | sami rahayunira | pangran lajêng têdhakipun | tanah Sukawati prapta ||

42. makuwon ing Rajêgwêsi | ngasokakên wadyabala | Surakarta winiraos | kangjêng ratu ibu seda | sawusnya paripurna | pirantine layon laju | budhal saking Surakarta ||

43. sinarèkkên ing Magiri | rèhning pra bupati jaba | samya nèng lurugan kabèh | bupati kang ngatêr lampah | kalih jêro sadaya | gêdhong kiwa kanthinipun | bupati kaparak kanan ||

44. mangsuli ing Sukawati | pangeran têdhak ing Kampak | wit nèng kono samayane | rawuhipun jêng pangeran | Pangran Rôngga wus prapta | wusnya panggih prêlunipun | ngaturakên arinira ||

45. Dyan Sutawijaya wangi | nêdya labuh baya pêjah | tinampan ing suwitane | lajêng kinulawisudha | nama Pangeran Rôngga | ingkang raka sinung juluk | Pangran Rôngga Baledawa ||

46. jêng pangran wus ngidul malih | angetan anjog Majênang | nèng Kêbonagung makuwon | andangu baris Sumêngka | matur kang pra bupatya | pun Salotêr kang atunggu | Balangkêr kang dhatêng Jipang ||

47. sigra dhawuh ngêlèncèri | sabên enjing mring Sumêngka | kasaru têlik praptane |

--- 17 ---

tur uning kalamun arsa | linarag ing Walônda | ingkang baris Dêmak sampun | bidhal saking Lajêr desa ||

48. pangran lajêng asêmèdi | nêgês karsaning Hyang Suksma | mamrih miyat wahanane | kawêngku sagung jajahan | pangeran datan samar | mungsuh sirna kabarubuh | tumpês tan môngga puliha ||

49. enjing sigra angundhangi | arsa mapagakên yuda | bupati tinilar kabèh | mung kêkalih kang binêkta | Brajamusthi kalawan | Suryanagara Tumênggung | wusnya samêkta gya budhal ||

50. mangalèr wus nabrang wukir | Kêndhêng lampah gêgancangan | para mantri pangajênge | wus kapêthuk lawan mêngsah | sami Jawi kewala | Bupati Dêmak lan Kudus | ingkang anindhihi bala ||

51. para mantrine pangarsi | sigra dènnya campuh yuda | bêdhil-binêdhil arame | Tumênggung Suryanagara | angamuk saha bala | Bupati Dêmak kaburu | angungsi ing wurinira ||

52. Bugis Bali gya nulungi | Tumênggung Suryanagara | sinôngga prange kapêngkok | kacêkuthak gulagêpan | binendrong ing sanjata | dadya pangamuke kondur | anggubêd angering nganan ||

53. jêng pangeran maksih têbih | kagyat miyarsa sanjata | wadya pangarsa ge-age | matur yèn Suryanagara | sampun acampuh yuda | nanging kaawratan mungsuh | dadya kondur sabalanya ||

54. laju anggubêd wanadri | nèng kanan kerining mêngsah | sigra pangran timbalane | kabèh bocah jêjaranan | padha tinggalên ingwang | têtulunga dèn agupuh |

--- 18 ---

Si Adhi Suryanagara ||

55. kumrutug kang para mantri | lajêng masang anyêkuthak | wong Bugis Bali ambendrong | Tumênggung Suryanagara | gya mêdal saking wana | laju mangsah ngamuk punggung | sawadyanira kotbuta ||

56. mungsuh kisruh morat-marit | akèh rêbah kasulayah | Suryanagara pamuke | salin waos kaping tiga | satus Bugis Makasar | ingkang pêjah dipun amuk | Tumênggung Suryanagara ||

57. prajurit dragundêr prapti | angêdrèl Suryanagara | wus sayah ewah gêlare | Pangran Sukawati prapta | lan Bali kawan dasa | ingabên dharat wus campuh | jêng pangeran tumut dharat ||

58. arucat busana Jawi | mangagêm cara Makasar | kadya dhaèng lamun tinon | wus momor bala kang dharat | wong Bali kawan dasa | dupi miyat gustinipun | krura mangkrak anglir yêksa ||

59. kang katrajang tumpês tapis | kabarubuh ting jalêmpah | pangran nindhihi wurine | datan têbah atut wuntat | Bali pêjah satunggal | têtiga kang sami tatu | wuru ngamuk lan curiga ||

60. sayah samya sambat gusti | gusti kula nuwun toya | cinarita pangerane | nalika prang sandhing wangan | têdhak angambil toya | winadhahan godhong lumbu | ingombèkakên kang wadya ||

61. wusnya ngombe ngamuk malih | sadangune prang mangkana | kasatmatèng ing wadyane | pangeran satêngahing prang | angambilakên toya | Suryanagara andulu | têdhak saking kudanira ||

62. nyêlak lajêng [la...]

--- 19 ---

[...jêng] dèn dhawuhi | aja sira mèlu dharat | titihana kudaningong | lan anggonên payung ingwang | sakèhe jêjaranan | aja ura dèn akumpul | pangawat padha undurna ||

25. Durma

1. aja kudu adhi anganggo pangawat | karana rowang kêdhik | tikêl pat kèh mêngsah | mêngko yèn kawênangan | nora nganggo senapati | bakal dèn idak | yèn nganggo senapati ||

2. yêkti ana iya ringganing kang mêngsah | Suryanagara nuli | anitih turôngga | ngumpulkên kêkapalan | wus angangge payung kuning | mingêr angiwa | rèrèh amarêpêki ||

3. baris Jawa kang nèng wurining Walônda | obah samya anêbih | wenèh ana ngucap | iku pangeran prapta | kalorop Walônda iki | môngsa wurunga | tumpês dadya cêcindhil ||

4. sapratêlon bala Kumpêni kang pêjah | kapitan angabani | sasisaning pêjah | nêsêg bendrong sanjata | kapitan amistul aglis | mring Carangsoka | nanging tan angênani ||

5. sigra numbak Carangsoka mring kapitan | buntaring tumbak kontit | sinarêng ungêlnya | pistulipun kapitan | pucuking tumbak kang kêni | putung watangnya | munggèng ngandhaping godhi ||

6. Carangsoka gya ngrukêt narik curiga | goco lambunge kering | kapitan aniba | wus pêjah kapisanan | Carangsoka wuru gêtih | nyuduk anigas | anyundrik angakahi ||

7. Yudaningrat angamuk gya pinoporan | nanging [na...]

--- 20 ---

[...nging] datan ngêmasi | bingung kujengkangan | prapta Surajênaka | Pulangrêsmi Kartasari | numbak amêdhang | buwang tumbak ngakahi ||

8. Têgal Angun-angun anyandhak Walônda | papat mati kinêris | Barak Prabakesa | pangamuke lir yêksa | sêdhênge amôngsa daging | nyêndhal andhupak | mêdhang ngêris anyundrik ||

9. rame dêdêr-dinêdêr idêr-idêran | angrèp prajurit Bali | kèh kuthah ludira | sira Jayalêksana | palumpate langkung wêgig | kadya sikatan | marwasa nganan ngering ||

10. mung kêkalih Pudhakmiring Jalêksana | ingkang tumbake maksih | wasis aprang tumbak | tan kewran sinanjata | mayor mêdhangi mistuli | Jayalêksana | gya numbak saking wuri ||

11. pan karungkêb mayor jinangkah dèn idak | lajêng dipun kakahi | tangane kang kiwa | maksih ngadêgkên tumbak | kang têngên anarik kêris | nuduk walikat | butul trus jajanèki ||

12. jêng pangeran kopat-kapit sadangunya | dènira angombèni | tanna nganggo taha | malah kêrêp senggolan | lan mungsuh wus dèn arani | Kumpêni Islam | wong Makasar lan Bugis ||

13. awit saking busana cara Makasar | dadya dhaèng panardik | malah wong Makasar | siji anjaluk toya | duk sapisan dèn ombèni | mandêng amawas | kagyat lajêng ngrungkêbi ||

14. wus cinandhak sabuke ginawa ngiwa | têluk tur pati urip | pun sarean kisnap | mêngsah pêjah gulasah | tumpês tapis kapalipis | gêmpang

--- 21 ---

suh sirna | pitung dasa Walandi ||

15. Kumpênine Islam kalih atus bebas | amung gêsang kêkalih | katêlu têlukan | satêngahing ayuda | maring pangeran pribadi | ya ta winarna | sira Pugêr Dipati ||

16. lawan Adipati Dêmak kalih pisan | ngalèr ngetan abaris | anèng ing Malowa | ngadhang Kumpêni Jipang | bokmanawa anêkani | Pugêr Dipatya | dupi miyarsa warti ||

17. yèn pangeran dènnya prang karoban lawan | sigra dènnya dhatêngi | bupati katiga | lampahe gêgancangan | praptane datan mêningi | ramening aprang | mungsuh wus sirna gusis ||

18. bupatine Kudus Dêmak kalih pisan | kapalajêng kêkinthil | praptèng kitha Dêmak | maksih pangusirira | lajêng lolos mêdal kali | kitha ing Dêmak | wus sami dèn êbroki ||

19. dene Pangran Tumênggung Gadamêstaka | kidulan kang palinggih | dene kang kalarankaloran. | Dipati Suranata | wus lajêng atur udani | mring gustinira | Jêng Pangran Sukawati ||

20. sampun andum jarahan Kangjêng Pangeran | Dipati Sukawati | senapati ing prang | ing pramuka jayèngrat | unggul dènira ajurit | laju budhalan | sawadya datan kari ||

21. lajêng ngidul aminggah ing Kêndhêng arga | sigra dènira ngrakit | karya pasanggrahan | anèng Jakawal desa | samana sampun ingalih | arane desa | winastan Majapait ||

22. kawuwusa Kumpêni lan pra bupatya | Surakarta [Surakar...]

--- 22 ---

[...ta] kang maring | ing Jipang wus prapta | lan gupêrnur panggihan | tabean kang pra bupati | antara dina | Bêlangkêr kinèn mulih ||

23. dèn atêrkên para bupati bang wetan | kalawan para mantri | Sampang Surabaya | tigang èwu sadaya | liya saking Bugis Bali | tuwin Makasar | miwah Kumpêni putih ||

24. budhal saking Jipang Balangkêr kalawan | sagung kang pra bupati | angilèn lampahnya | wau ta balanira | Jêng Pangeran Sukawati | kanêm punggawa | samya angadhang margi ||

25. anèng wana Darapulu ênggènira | pinarapat kang baris | Tumênggung Jadirja | Rôngga Wirasantika | Tumênggung Rêksanagari | Ranadiningrat | anyatus kang turanggi ||

26. lawan malih Brajamusthi Brajadênta | sarêng dêdamêl prapti | Darapulu wana | kang kidul gya têngara | bêndhe kukuk sarta bêdhil | kang êlèr munya | kilèn surak ngadhangi ||

27. sarêng obah ingkang êlèr anarajang | ingkang kidul ambêdhil | kang kilèn anêrak | bingung ingkang lêlampah | binêrêg wong Sukawati | prasamya giyak | sirêp binendrong bêdhil ||

28. sampun dangu datan ana kang nyuwara | nulya pating kulicir | lèr kidul lan wetan | punggawane ngatingal | sakêdhap angical malih | dadya sadina | datan bangkit lumaris ||

29. samya rêrêb ing ratri têngahing wana | sadalu kaping kalih | dènnya bêbêdhilan | saking lèr lawan wetan | turanggane dèn malingi | akèh kang kêna | praptane bangun enjing || [|...]

--- 23 ---

[...|]

30. atêngara budhalan ingkang lêlampah | dene ingkang anginthil | sami ingajangan | prajurit pinarapat | wong Sampang lawan wong Tubin | wong Surabaya | kang sami anyawisi ||

31. aprang urut marga kalawan sanjata | sagung wadya pasisir | myang wong Sukawatya | dadya tan kêna cêlak | wadya pasisir wus rakit | samya bubuhan | ing têngah lan ing pinggir ||

32. tigang ari lampahe praptèng Sumêngka | duk puniku nujoni | Sumêngka kinêpang | nênêm kang pra bupatya | dupi myat baris gêng prapti | bubar anunggal | punggawa kang ngênginthil ||

33. lajêng campuh rame prang ulêng-ulêngan | bêrêg-binêrêg gênti | sagung pra bupatya | balanipun pangeran | miwah sagung pra bupati | ing Surakarta | prasamya dèn songsongi ||

34. ngabên bala gumuruh surak gumêrah | rame swarane bêdhil | lir gêlap barungan | mungsuh kalamun cêlak | dèn mriyêm sing baluwarti | buyar anêngah | yèn kèndêl cêlak malih ||

35. sadina prang dalu mundur sowang-sowang | akathah kang ngêmasi | mungsuh lawan rowang | ing dalu tan winarna | enjinge para bupati | ing Sukawatya | bubar sawadyanèki ||

36. samya sowan gustinira mring Jakawal | praptane tur upêksi | dènnya ngadhang marga | lan ngaturkên bandhangan | jêng pangran suka ing galih | sigra dhêdhawah | pasanggrahan ingalih ||

37. kidul kali papanipun ragi wiyar | wanane dèn babadi | rinakit kadhatyan | lor alun-alunira |

--- 24 ---

kang kilèn panggenan masjid | kang pra bupatya | tata pakuwon sami ||

38. Jêng Pangeran Adipati Sukawatya | senapatining jurit | pramuka jayèngrat | enjang miyos sineba | aglar kang para bupati | ngabèi dêmang | sadaya samya nangkil ||

39. ngadêgakên wong saragni pitung dasa | kang anumbak kapilih | de wong Bali samya | kang cacah kawan dasa | kinarya mantri pinilih | lêlurahira | nama tumênggung kalih ||

40. Carangsoka sinung nama Surajigja | dene ingkang satunggil | namanira lama | Tumênggung Jalêksana | Yudaningrat pan kinardi | kabayan barak | sagung mantri pinilih ||

41. sinung lungguh sawah anyalawe cacah | nyatus lêlurahnèki | mawa prajanjian | lagya ngrowangi lapa | iya pirabara benjing | pangran ngandika | mring Pugêr Adipati ||

42. Kakang Pugêr amung rongatus patbêlas | bakal pêpangkon mami | yèn ngawaki yuda | pisah lan pra bupatya | pirabara wuwuh benjing | Pugêr turira | inggih dawêg samangkin ||

43. gantya ingkang cinatur barisan Jipang | gupêrnur ing Samawis | ingaturan wikan | yèn baris Lajêr sirna | Kumpêni atumpês tapis | Bali Makasar | siji tan ana kari ||

44. aprang lawan pangeranipun priyôngga | kagyat duk amiyarsi | kêkês jro tyasira | gupêrnur gya budhalan | margi anurut pasisir | kewran ing manah | gambuh ing mungsuh jurit ||

--- 25 ---

22. Wontên ing Jakawal Pangeran Mangkubumi mranata panggenanipun abdi, dipun lapuri bilih Dêmak karêbat ing wadyabala Kumpêni

26. Gambuh

1. malih ingkang winuwus | Pangeran Sukawati lagya duk | busanani kang mantri samya pinilih | Dipati Pugêr tinuduh | utusan akarya pêndhok ||

2. pêndhok bunton mas sêpuh | anêlung reyal ing wawratipun | sabuk cindhe kang padha jalamprang abrit | pinaring reyal rongèwu | Dipati Pugêr turnyalon ||

3. yatra pundi puniku | Jêng Pangeran Sukawati muwus | picis saka Surabaya Sawunggaling | sira tômpa têlung èwu | dhingin ana ngarsaningong ||

4. Pugêr matur gumuyu | kula maksih rimat kalih èwu | reyal saking pun Dipasana ing Tubin | sawêg kalong tigang atus | kula damêl tumbas bêstrong ||

5. punika mawon cukup | tinumbaskên ing busananipun | abdi dalêm prikônca mantri pinilah | pangran mèsêm ngandikarum | sokur kalamun mangkono ||

6. nanging kakang dèn gupuh | Dipati Pugêr sigra anuduh | mring Samarang tumbas cindhe sangkêlat brit | pêndhok mas mring Pathi Kudus | sigra umêsat kang kinon ||

7. tan lami praptanipun | katur samêkta panganggenipun | wus katongton pelag panganggening abdi | sangkêlat [sang...]

--- 26 ---

[...kêlat] sragêninipun | ananging kotang kemawon ||

8. wolung dasa cêcênthung | panumbake wolung dasa tlakup | pinilihe samya udhêng sutra kuning | mèh asri lamun dinulu | jêng pangeran ngandikalon ||

9. hèh kakang pra tumênggung | prajurite lamun ingsun dulu | maksih worsuh panganggone durung bêcik | balane siji tumênggung | dèn padha sanadyan bagor ||

10. kalamun ganêb satus | yêkti pelag mêdèni dinulu | nanging kakang sun dhingin ingkang ngalahi | picis kang rongèwu iku | apa gawene nèng kanthong ||

11. êdumên pra tumênggung | kanggo busanani balanipun | adipati matur gih puniku pikir | gumêlar kang katon mungsuh | aywa nglingsêmi pun dhaplok ||

12. sigra binage sampun | reyal rongèwu mring pra tumênggung | wus waradin tinumbaskên badhe lurik | ingkang samya warninipun | sabên tumênggung tan awor ||

13. kunêng gantya kawuwus | lampahira Hondhorêp Gupêrnur | kèndêl Pathi myarsa Dêmak ana baris | kêkalih bupatinipun | ingkang sami tunggu êbrok ||

14. nama Pangran Tumênggung | Gadamêstaka sabalanipun | satunggile Suranata Adipati | Bupati Dêmak nèm sêpuh | tinimbalan Hogêndhorop ||

15. dyan tumênggung tinantun | mapag yudane kalih tumênggung | bupatine Jêng Pangeran Sukawati | Martanagara sumaur | tuwan kula matur ewoh ||

16. kang dados èwêdipun | dene pangeranipun sok namur | tumut [tumu...]

--- 27 ---

[...t] aprang momor wadyabala alit | amangangge cara batur | puniku tuwan kang ewoh ||

17. gupêrnur asru bêkus | bapak jirèh tur agêng aluhur | angluwihi Pangeran Amangkubumi | Martanagara sumaur | nadyan gêdhe-gêdhe gombong ||

18. bêndarane dèn mungsuh | pan botên ilok tuwan gupêrnur | Tuwan Hogêndhorêp asru briga-brigi | de ngaku bêndara mungsuh | wong iki mêngko dèn kêthok ||

19. gumêr kang pra tumênggung | Martanagara maksih umatur | kadipundi ugêr tuwan para gusti | dene tuwan dika niku | mung bandara akon-akon ||

20. guguk tuwan gupêrnur | si bapak iki banjur nyêrudug | nora wirang wis dhaplok pêrangan wêdi | Citrasoma dipun gupuh | dika têr mulih si dhaplok ||

21. kalih Dyan Arya Kudus | bupati papat wus tandhingipun | kula ingkang mêmanuki anèng wuri | dika mangkat esuk-esuk | dèn sami aprang rêrêmpon ||

22. ing dalu tan winuwus | enjing budhal ingkang munggèng ngayun | Citrasoma Arya Kudus kang misihi | dragundêr ing wurinipun | sèkêt nanging êlêt adoh ||

23. Bupati Dêmak sampun | miyarsa lamun mungsuhe rawuh | gya têngara Suranata Adipati | tuwin Pangeran Tumênggung | Gadamêstaka mirantos ||

24. wontên wong pitung atus | kang kapalan cacah kalih atus | ingkang dharat pan sampun campuh ing jurit | wong Jêpara nunjang purun | bala ing Dêmak atanggon ||

25. bêdhilira [bê...]

--- 28 ---

[...dhilira] gumrudug | wong Dêmak kurang sanjatanipun | amung gagah kaconggah ngumbar kuwanin | wau pangeran tumênggung | tansah aprayitnèng kewoh ||

26. mungsuh wuri kèh rawuh | para prajurit Kudus barubul | angêbyuki wong Dêmak karoban tandhing | dadya gêlarira kuwur | amundur-mundur sinêrot ||

27. nulya prapta dragundur | kagyat wong Dêmak angêdrèl purun | bubar larut sar-saran tan môngga pulih | Suranata alon mundur | kanthi kang jaranan golong ||

28. lan Pangeran Tumênggung | Gadamêstaka lèrèh lumaku | sigra kumpul oncat saking ing nagari | wus kabrokan kithanipun | samya kèndêl nèng Gêgodhong ||

29. ngidul kêdhik jog timur | sigra nuduh carakatur wêruh | mring Pangeran Adipati Sukawati | senapatining prang pupuh | pramuka jayèng palugon ||

30. duta umêsat sampun | prapta Jakawal laju umatur | lamun Dêmak mangke kancikan Kumpêni | pun tumênggung nyadhong dhawuh | wontên ing timur angantos ||

31. pangran duk tampi atur | gya nuduh bantu bupati têlu | Jayadirja Suryanagara Suwandi | Mas Rôngga katiganipun | kanthi Dêmang Natasingron ||

32. Ngabèi Jayèngranu | lawan Dêmang Têgal Angun-angun | sarêng budhal kawan atus kang turanggi | dharat wontên pitung atus | lampah gancangan mangalor ||

33. ing marga tan winuwus | lampahing baris wus praptèng timur | panggih lawan Suranata Adipati | tuwin Pangeran Tumênggung | Gadamêstaka [Gadamê...]

--- 29 ---

[...staka] tur wartos ||

34. paran ing rèh kang patut | lampah paduka kinèn bêbantu | dede sanggan ing mangke gupêrnur prapti | nèng Dêmak sawadyanipun | para bantu muwus alon ||

35. milane kinèn bantu | nagari Dêmak ingkang rinêbut | dede pabên gupêrnure anênggani | alah dawêg sami mundur | dede tandhing dede bobot ||

36. laju prasamya wangsul | praptèng Jakawal sigra umatur | langkung agêng ing Dêmak mangke kang baris | gupêrnure ingkang rawuh | wontên ing Dêmak makuwon ||

37. pangeran ngandikarum | lah iya iku dudu mungsuhmu | balik sira kang padha angati-ati | bok muring-muring gupêrnur | bature aprang lan ingong ||

38. nèng Lajêr akèh lampus | iya lamun nêdya malês ukum | Si Dipati Suranata aja mulih | sutaningsun Si Tumênggung | Gadamêstaka mangkono ||

39. kawuwusa gupêrnur | sêdyanira lami dènnya tunggu | kitha Dêmak kasaru caraka prapti | Petor Samarang kang nuduh | prêlu angaturi wêroh ||

40. yèn wontên idlir rawuh | Jakub Musêl dinuta gurnadur | kanthi sêrat gupêrnur sigra ngundhangi | bubarkên wadya sadarum | lampah dharat amangalor ||

41. ing marga tan winuwus | praptèng Samarang sira gupêrnur | kang pustaka binuka sinuksmèng galih | mungêl idlir ingkang rawuh | ambêkta sutane wadon ||

42. tinarimakkên gupnur |

--- 30 ---

lawan tinuduh ambangun rêmbug | aprakara Pangran Arya Mangkubumi | yèn maksih kêna dèn êlus | kabranange satriya nom ||

23. Ing Jakawal mirêng badhe wontên kengkenan saking Samarang ngajak badhami

27. Sinom

1. dadya mangsuli carita | dening rèh liyan pakarti | anunggal dhapuring kojah | awit wêwinih sawiji | obah osiking bumi | mung ratu lawan gurnadur | dadining karusakan | saking tiwas para budi | anggêgampang nêkaburi barang tingkah ||

2. kalamun dadia arja | wit eling kang para budi | sabarang solah katingal | yêkti lali lan maknawi | lalining para budi | awit saking nikmat agung | apan wuruning donya | adoh panggawe maknawi | nora tètèh katutuh lali ing titah ||

3. ing nguni gurnadur jendral | sêsampunira nampèni | ing lilane sri narendra | panggadhuhe wong pasisir | kawuron sarwa lali | dènnya tampi nikmat agung | tan ngetang rèh sikara | sikara iku wêwinih | kaapêsan wêwalêse rèh sikara ||

4. ing mangke gurnadur jendral | ngawruhi têlangso budi | bêbuka andangu warta | Amral Tênangkus tiniti | gènira magut jurit | nèng tanah Pajang [Pa...]

--- 31 ---

[...jang] Matarum | anane pra pangeran | ingkang samya madêg baris | alon matur Amral Tênangkus mring jendral ||

5. mêngsah cacahipun gangsal | kang katur ing tuwan nguni | duk wontên ing Surakarta | aturing pêpatih kalih | nuntên wêwah satunggil | Mangkubumi namanipun | sarêng lan angkat tuwan | lolose saking nagari | purwanipun kesah inggih saking tuwan ||

6. marmane tilar nagara | tuwan ngaturi ngêlongi | ing lêlênggahipun sawah | dene mêngsah gangsal nguni | pangeran kadang kalih | kang tiga pulunanipun | pangeran kadang nata | Buminata Singasari | Buminata punika kang madêg raja ||

7. nèng Sêmbuyan silih nama | Sultan Dhandhun Martèngsari | dene ingkang pêpulunan | Mangkunagara satunggil | Mangkudiningrat kalih | Pangran Pamot tiganipun | mênggah ing wawratira | dèrèng nama mungsuh yêkti | bêbocahan pan amung riwuk kewala ||

8. ingkang minôngka pratôndha | yèn kula pukul ing jurit | prang sakêdhap nuntên ambyar | pothèl botên kongsi pêthil | kaponthal-ponthal ngili | abdine prasamya têluk | akathah dadya rencang | sami kenging dipun kanthi | nuduhakên gustine gone umpêtan ||

9. kang sampun kalokèng jana | jaya-jayaning ajurit | amiguna ing aguna | pan inggih amung satunggil | Pangeran Mangkubumi | tanggon lamun magut pupuh | tansah ngayomi wadya | mundur lon lamun kalindhih | botên purun cidrèng prang atarung dhadha ||

--- 32 ---

10. sêktine tan pae lawan | sajêmbaring jalanidhi | bakuhing tyas pindha rêtna | têtela ayuning bumi | kadi Hyang Wisnumurti | môngka pêpaku pikukuh | ing rat paramudita | kukuh ngandhêmi utami | datan keguh kadya prabata Maendra ||

11. kontap kotamèng satriya | kêtarta bêk silastuti | titikane pra punggawa | naracak samya bèrbudi | sabên sawiyah mantri | wikan ing wêweka putus | têtêg lamun ayuda | sêtya tuhu maring gusti | yèku môngka pratôndha musthikèng janma ||

12. wadyanira kang tinilar | tan wontên têluk satunggil | anêmpuh byat aprang cidra | tan ajrih ing lara pati | dèn kèdhêp ing wong cilik | pan dede suwadosipun | yèn ing mênggah kawula | inggih ing ngèlmi maknawi | wus têtela sêsêngkêraning Hyang Suksma ||

13. apan sampun ginantungan | wahyu gêng badhe linuwih | kadiparan gèn linawan | lamun kirang momot peling | sayêkti milalati | Jêng Tuwan Baron pan emut | ngungun duk amiyarsa | mila nalôngsa nututi | awarana pasrah Gupêrnur Samarang ||

14. marma nawala kang marang | Tuwan Gupêrnur Samawis | surasane rong prakara | kang dhingin anarimani | ingkang môngka pêparing | tuwan idlir sutanipun | Jakup Musêl dinuta | maring Samarang pribadi | manggihakên gupêrnur lan sutanira ||

15. Tuwan Gupêrnur Samarang | sawusira tampi tulis | dhawuhe gurnadur jendral | pan arsa [ar...]

--- 33 ---

[...sa] dipun awaki | angipuk mirapêti | sarta nrus ing batin tuhu | kang raka sri narendra | ngaturan maringi bumi | tigang lêksa wêwahe môncanagara ||

16. sigra amatah caraka | ingkang dhatêng Sukawati | Radèn Arya Endranata | duk mayor minggah ing nguni | alungguh nèng Samawis | Arya Endranata tumut | dèn suwun ing sang nata | sawontêne ing Samawis | Endranata dadya pangagênging jaksa ||

17. lawan malih kinanthenan | Kadilangu Pangran Wijil | kalih wus binêktan surat | budhal saking ing Samawis | dhatêng ing Sukawati | kunêng gantya kang winuwus | nagari Surakarta | mungsuh bubare kang baris | ting sarêndhul saking dènira umpêtan ||

18. sami madêg barisira | Pangeran Mangkunagari | barise anèng Gêmantar | prênah sakidul Matesih | suyud kalih wong bumi | sampun agêng barisipun | Pangran Mangkudiningrat | abaris ing Kêbomati | Pangran Pamot abaris wontên Kalesan ||

19. ing Sukawati Pangeran | nuduh sakawan bupati | nganglang kinon amariksa | barisan sawiji-wiji | yèn tan patut ingalih | kang pakantuk papanipun | Sêmbuyan sami tatrap | panggenane baris lami | pêtêng malih wong nglurugi tanpa karya ||

20. kèndêle tan wontên aprang | pan amung satêngah warsi | dènnya prang satêngah warsa | mêngsah ingkang anusuli | Jêng Pangran Sukawati |

--- 34 ---

bapa babune kang mungsuh | anyar dadining mêngsah | kang dadya mêngsah murwani | kabèh ngandhap manut ing rèh kawisesa ||

21. gantya malih kang winarna | Jêng Pangeran Adipati | Sukawati duk sineba | andhèr kang para bupati | tuwin kang para mantri | jawi lêbêt munggèng ngayun | aglar mantri pangarsa | miwah para mantri wuri | nanging dèrèng tinata têngên lan kiwa ||

22. Dipati Pugêr nèng ngarsa | sigra kang para bupati | Mas Rôngga Wirasantika | Suryanagara Suwandi | jajaripun alinggih | Dyan Jayadirja Tumênggung | miwah Samadipura | Brajadênta Brajamusthi | sinambungan Tumênggung Rêksanagara ||

23. Tumênggung Sutadipura | Ranadiningrat lan malih | Natasingron Surajigja | Jayalêksana nambungi | dene môncanagari | Dyan Pusparana Tumênggung | Bupati Jagaraga | Warung wus ngangkat bupati | sinung nama Tumênggung Kartanagara ||

24. Dyan Tumênggung Wilatikta | ing Balora lawan malih | Ngabèi Selanagara | ing Sêsela kang palinggih | bupati ing pasisir | Dêmak Pangeran Tumênggung | Gadamêstaka lawan | Suranata Adipati | Dyan Tumênggung Jipang Suradimanggala ||

25. sinambungan pra punggawa | panèwu kalawan mantri | panèkêt ngabèi dêmang | wau ta Sang Adipati | Pugêr umatur aris | ambatur uning pukulun | têlik kawula prapta | ingkang tugur ing Samawis | pun gupêrnur mangke nglampahkên caraka ||

26. pun Sukarya Endranata | wus mangkat saking Samawis |

--- 35 ---

kinanthèn rayi paduka | Kadilangu Pangran Wijil | manawi benjing-enjing | punang duta praptanipun | pisah wontên Majênang | abdi dalêm kang manuki | cacahipun kêkapalan kawan dasa ||

27. jêng pangeran angandika | hèh Kakang Pugêr Dipati | kayaparan rêmbugira | kalamun ingsun manggihi | apa sun lênggah kursi | apa lênggah ngisor ingsun | Dipati Pugêr sigra | nolih sagung pra bupati | anak putu kabèh kang para bupatya ||

28. kapriye pikire padha | umatur kang pra bupati | sumôngga karsa paduka | sadaya darmi umiring | Pugêr umatur aris | inggih gusti pênêdipun | praptane duta benjang | paduka lênggah ing kursi | awit saking manggihi dutaning mêngsah ||

29. majêng mangalèr paduka | ing wetan kang wontên kursi | pun Kakang Pangeran Rôngga | kursi sêsaosan tami | wontên kilèn satunggil | Pangran Wijil badhenipun | dene ta pun Sukarya | nunggila kawula linggih | angandika alon wau jêng pangeran ||

30. apa kakang wus prayoga | pikirên manèh kang wêning | Endranata ipeningwang | bok ayu kang dèn rabèni | Ratu Madurêtnadi | bok sinêbut dêksurèngsun | matur Pugêr Dipatya | sampun kêkathahên galih | jêng paduka satriya dibya sumbaga ||

31. kangjêng bok ayu paduka | kula kang dèn garundêli | tan gêpok sarira tuwan | de Endranata pinikir | amikir tikus mêngi | kêriga sacindhilipun |

--- 36 ---

ginitês gôndra pira | môngsa dadosa samênir | Endranata kaku kuluban katela ||

32. Endranata bêras wutah | kinulup dèn liwêt malih | dadi sêga sapa doyan | duk bêrase wor lan siti | tan kongsi dèn bêrsihi | iya lamun raganingsun | lalu ngêlih kewala | boya kudu mangan-mingin | bok sikêpe anak Tumênggung Jadirja ||

33. nora mangan pitung dina | suprandene boya sudi | gumêr sagung pra bupatya | angling malih sang dipati | basa Endranatèki | nyawa masuk ing lêlêmpung | daya lêmpunga Dêmak | lêmpunge wong Kalicacing | dèn anggoa grabah têlung dina pêcah ||

34. patut lamun kaarana | Kartinala Kalicacing | adol tike pinggir dalan | yèn ora ambarang suling | bêbarang gambang kanthi | kêndhangan cangkêm kumruwuk | lamun datan mangkana | patutpathêt. barang durma mijil | nganggo têkên tinuntun malbèng kampungan ||

35. sansaya ambata rêbah | gujênge kang pra bupati | adipati undhang-undhang | hèh sagung para bupati | iya sadina benjing | wong angon kuda lan lêmbu | aja na liya paran | padha dadia sawiji | ngulon bae anèng kiwa têngên marga ||

36. iya dalaning utusan | kang prapta saking Samawis | lan kabèh wong sabarisan | sipat lurah para mantri | padha nganggoa kêling | bêbêd ikêt sarta sabuk | alas ing kulon ika | babadana mêngko bêngi | sun gawene

--- 37 ---

iya pasar pabewakan ||

37. sagung sutaning bupatya | kadang kadeyane sami | enjang padha kasukana | lesan panah lesan bêdhil | padha nganggoa kêling | kadange para tumênggung | anaa kang têtêgar | ajar kuda dèn kêstuli | amanggona kanan kering pabewakan ||

38. sawetaning pabewakan | Jatisana lan Kêsambi | têngah pasangana omah | omah joglo mêngko bêngi | kabèh mantri pinilih | ngadua gêmak lan sawung | anak Jayalêksana | dika nganggo udhêng gilig | dika nganggo bêbêd samboja bras wutah ||

39. sruwala baludru abang | kang rinenda panji-panji | èpèk trêmbalo nganggoa | babrêngos andika pidih | hèh sira Si Suwandi | anggokna carabalènmu | dina sesuk kewala | sagunging kônca bupati | carabalèn dika padha sêlangêna ||

40. mring mantri pinilih padha | dimène amêmêdèni | si anak Jayalêksana | brêngose sacêngkang sisih | lan anak Pudhakmiring | godhège simbar kang patut | dika go jangkang kula | dika bêbêd sarung Bugis | ingkang rêga limalas darbèk manira ||

41. lawan padha pêpayunga | ing sesuk mantri pinilih | sun wus karya payung kathah | ambilên ing pondhok mami | kang lagi têka wingi | iya payung pitung puluh | laku lêlinggihira | benjang dèn angadi ragi | ngatokêna wantêr kêndêl ing ayuda ||

42. sagung pra mantri pangarsa | nunggala mantri [ma...]

--- 38 ---

[...ntri] pinilih | ngadua gêmak lan sata | wetan pabewakan benjing | wong desa rigên sami | konên padha prapta esuk | yèn duta ing Samarang | lèrèn pabewakan sami | para mantri dèn kagèt budhalan seba ||

43. kabèh padha pêpayunga | dyan dipati sigra mijil | angêlar-êlar paseban | kang tan patut dèn owahi | jêng pangran pijêt galih | agèdhèg sarwi gumuyu | suka dènnya ngandika | nyata wêgig nyata julig | môngsa naa wong kang kaya kang dipatya ||

44. andhêku kang pra bupatya | tumênggung papat tut wuri | Dipati Pugêr lingira | anak padha dika bali | dika ngadhêp jêng gusti | lamun maksih dèrèng kondur | tyas kula mêlang-mêlang | dandanan dèrèng prayogi | sabên lawang-lawang sami ingowahan ||

45. lurah numbak tinimbalan | miwah lurah ing saragni | prapta wus pinarentahan | wuwuha kang saos benjing | sabusananing jurit | nanging dèn padha atambuh | saragni lan panumbak | papat sisih lawang siji | para lurah ature sami sandika ||

46. wong padesan wus ngundhangan | binayar picis waradin | prasamya kinèn pêpasar | saari ywa kongsi mulih | wong angon kêbo sapi | jaran dhinawuhan sampun | aglar têpining marga | wusnya parentah waradin | tan winarna ing dalu enjang pucungan ||

--- 39 ---

24. Kengkenan saking Samarang dumugi ing Jakawal saha wangsulanipun Pangeran Mangkubumi

28. PocungTeks asli: Pucung.

1. lan winuwus carakanira gupêrnur | lan sarowangira | Aryendranata wus prapti | pabewakan panggih lan mantri pangarsa ||

2. Jayèngranu ngaturi kèndêl rumuhun | badhe tur uninga | Aryendranata ningali | langkung ngungun kuda ewon nèng pangonan ||

3. pasar agung nèng kiwa têngên dêlanggung | wong lesan sanjata | miwah wong lesan jêmparing | sawetane gumêdêr kalangan gêmak ||

4. sêlur anglur wong têtêgar ngalor ngidul | ngulon miwah ngetan | pêpinggiring wana wukir | gêmah arja sarine kadi nagara ||

5. sri gumuruh wong adu sawung lan puyuh | dupi amiyarsa | lamun ana tamu prapti | para mantri gita bubar samya seba ||

6. apêpayung andulur asri dinulu | jajar apêpanthan | wong Bali mantri pinilih | ting salêmplah udhêng gilig ana jangkang ||

7. langkung ngungun Aryendranata amuwus | adhi wijil paran | têrah Mataram puniki | saênggone têka linulutan jalma ||

8. dadosipun sintên nyana wonge agung | tur apelag-pelag | akèh wong gagah rêspati | jujug sintên adhi pênêde ing lampah ||

9. lon sumaur Pangran Wijil pênêdipun |

--- 40 ---

jujug ri sampeyan | Martapura Adipati | pinituwa barang rèh môngka manggala ||

10. liyanipun samya nèm dèrèng tinantun | pun Suryanagara | Jayadirja lan Dipati | Suranata Mas Rôngga Wirasantika ||

11. pan sadarum bupati yêkti kawêngku | ing rayi sampeyan | inggih Pugêr Adipati | nulya prapta punggawa mantri pangarsa ||

12. Jayèngranu alon wau têmbungipun | suwawi lajênga | ri paduka kang ngaturi | Adipati Pugêr sampun mangkat sowan ||

13. kerid laju dutane tuwan gupêrnur | nèng marga kapapag | lawan Pugêr Adipati | sêsarêngan dènnya mudhun saking kuda ||

14. wusnya cundhuk Dipati Pugêr amuwus | bature mondhoka | ing kana pakuwon mami | kakang karo banjur barênga lan ingwang ||

15. iya mumpung kangjêng gusti durung kondur | pinarak paseban | paseban lun-alun sami | pan gumêrah saking kathahing têtiyang ||

16. Dyan Tumênggung Ranadiningrat kapêthuk | angêmban parentah | nimbali sang adipati | angirida duta kang saking Samarang ||

17. sigra laju sang dipati lampahipun | sarêng lan caraka | Endranata duk ningali | dahat ngungun kèhing janma nèng paseban ||

18. korinipun mung kêkalih pangkatipun | kori kang sapisan | pasebane tiga sisih | sami joglo bêntêt isine kang seba ||

19. ênggènipun sadaya kang pra tumênggung | busanabra mubyar | lir panjrahing puspitadi | asri tinon maneka warnabra sinang ||

20. lêbêtipun malih [ma...]

--- 41 ---

[...lih] paseban gung-agung | cacahe sakawan | ênggène mantri pinilih | anèng ngriku kèndêle Pugêr Dipatya ||

21. nulya katur maring gusti praptanipun | caraka Samarang | kèrid Pugêr Adipati | ingkang para bupati sigra ngandikan ||

22. malihipun pra mantri ing ngarsa pungkur | sami ingandikan | sarêng lan mantri pinilih | busanabra kêkêling kalawan sutra ||

23. pamèripun wong Samarang pêndhak Mulud | lan pêndhak riaya | padinan wong Sukawati | Endranata sipat kuping gêtunira ||

24. rakitipun duk ngandikan pra tumênggung | atata priyôngga | tuwin gèn mantri pinilih | samya anèng jro taratag pasanggrahan ||

25. gèning tamu wus rinakit dunungipun | sigra tinimbalan | sira radyan adipati | kinon ngirid lêbête duta Samarang ||

26. wus malêbu lan caraka kalihipun | jumênêng pangeran | munggèng sangajênging kursi | Pangran Rôngga tumut angadhêp sakêdhap ||

27. urmatipun mring Pangeran Kadilangu | pangeran ngandika | suwawi ing ngriki adhi | Endranata arsa tumut gya cinandhak ||

28. sarwi bêkus Dipati Pugêr amuwus | ing ngriki kewala | tunggil lan kula alinggih | nulya anut linggih Arya Endranata ||

29. ênggènipun Pangran Wijil Kadilangu | kilèn majêng ngetan | Pangran Rongga gènnya linggih | anèng wetan amangilèn ajêngira ||

30. suratipun gupêrnur sigra pinundhut | Arya Endranata | kang bêkta tinampèn nuli | mring dipati lajêng katur mring pangeran ||

31. binuka wus mangkana [mangka...]

--- 42 ---

[...na] ing wuryanipun | pèngêt kang pustaka | tulus miyosing tyas suci | pawong mitra ingkang satuhu sih trêsna ||

32. saking ulun Tuwan Hondhorêp Gupêrnur | ing nagri Samarang | ingkang misesa mêngkoni | pasisire Jawa bang êlèr sadaya ||

33. wrananipun kangjêng Kumpêni kang agung | kang bôndha prakoswa | tabe winantu pêpuji | puja arja raharjaning pawong mitra ||

34. mugi katur mitra ingkang sumbaganung | Jêng Gusti Pangeran | Adipati Sukawati | sepati ing prang pramuka jayèngrat ||Kurang satu suku kata: senapati ing prang pramuka jayèngrat.

35. kang marta yu mangayuh ayuning ayu | kalokaning jana | prawira waskithèng wangsit | putus titi titika ing tri bawana ||

36. têtêg têguh tan keguh amurwèng pupuh | yayah Hyang Kesawa | jaya-jayaning ajurit | jro rat Jawa rinata wus anèng asta ||

37. prawiranung tan gumunggung ambêg digung | katon wela-wela | têtela ayuning bumi | musthikaning têrah narendra Mataram ||

38. wiyosipun kula umatur satuhu | yèn eyang paduka | Kangjêng Gurnadur Batawi | wus karasa rinasa saya rumôngsa ||

39. purwanipun paduka nêmaha pupuh | sisipe pun eyang | kirang titi analiti | amêmardi wrêdaning atur druhaka ||

40. marmanipun ratpêni ingkang panuwun | paduka ngaturan | kondur dhatêng ing nagari | têrang raka paduka jêng sri narendra ||

41. dadya tunggul sagung prajurit sawêgung | lêstantun anama | jêng gusti pangran dipati | senapati ing prang pramuka jayèngrat ||

42. sinung wangsul Sukawati

--- 43 ---

tigang èwu | malah winêwahan | siti ing môncanagari | tigang lêksa sanèsipun Sukawatya ||

43. dhuh-dhuh adhuh paduka mugi dèn amuk | emut kadang tuwa | datan ana kang ngawati | amranata tata arjaning rat Jawa ||

44. inggih lamun paduka arsa angrêmuk | ngrêmuk nuswa Jawa | sayêktine bosah-basih | sirna gêmpang sintên ingkang purun malang ||

45. risakipun nuswa Jawi yèn kalantur | sintên kang kecalan | yêkti paduka pribadi | titi tamat kadriya raosing sêrat ||

46. sawusipun winaos mriyêm jumêgur | sawetan gêdhogan | pamanggèning tan kaèksi | kaping sapta pangeran sigra ngandika ||

47. maring tamu hèh Endranata sirèku | padha kaslamêtan | bok ayu apa basuki | matur nêmbah Radèn Arya Endranata ||

48. salamipun bakyu paduka pukulun | manthuk jêng pangeran | Endranata matur malih | gih bok ayu paduka ngintuni dhêsthar ||

49. mung têtêlu modang cêmukiranipun | kang satunggal sawat | ênggènnya nyêrat pribadi | lan bok ayu paduka angarsa-arsa ||

50. dipun emut paduka mring kadang sêpuh | sintên kang angeman | risakipun nuswa Jawi | datan liyan sayêkti amung paduka ||

51. ngandikarum wus bênêr bok ayu iku | ingsun iki nora | nêdya salah ing nagari | amung nêdya suwita ing kadang tuwa ||

52. sêtya tuhu sumungkêm anrus ing kalbu | tan pêgat rumêksa | tata arjaning nagari | mamrih kontap kotamaning [kotama...]

--- 44 ---

[...ning] jêng sri nata ||

53. eman ewuh rêmak rêmpu pan katêmpuh | bot rêpoting praja | tan kumêdhèp praptèng pati | sun andhêmi dadi bantêning nagara ||

54. mugên mungkul lah mara cacadên ingsun | mungsuh wong lêlima | nora minta bantu mami | praptaning don ingsun agung sinikara ||

55. ya dèn katur mring bok ayu atur ingsun | nora kêkilapan | lêlakone awak mami | dèn niaya saajang-ajanging ajang ||

56. sapa wêruh dadi ajur kumur-kumur | yêkti wus nêmpuh byat | luluh lêbur dèn lakoni | alahuma wahbin lanabil kaeram ||

57. luwih ewuh gaib karsane Hyang Agung | iya pirabara | lamun anêmu basuki | tan bêbakal yèn Allah akarya rusak ||

58. esthiningsun sumarah Hyang Mahaluhur | kang murba misesa | ugêr sigra anambungi | hèh mênênga sira iku Endranata ||

59. nora arus sira arsa jabung alus | datan kulak warta | adol parungu kang dêling | bandhol ngrompol iku wong ing Sukawatya ||

60. ênggon wêlut dèn doli udhèt tan patut | mundhak kawanguran | mungsuh dhawuk Sukawati | aja kaya wêdhus dèn umbar kacangan ||

61. sok mêcucu anggêre bisa calathu | bingèn ana apa | sawah têlung èwu uwis | barang tingkah nora nganggo ngarah-arah ||

62. nora etung mung panastèn bae ketung | iki jêng pangeran | dudu sira lawan mami | lamun sira dèn cukur [cu...]

--- 45 ---

[...kur] môngsa gôndraa ||

63. dhingin iku mung sêsawah têlung èwu | nyakar sêka wongwa | dèn labuhi lara pati | sagawene gone rumêksa nagara ||

64. ingkang mau sapa dèn tandhingkên ingsun | bupati sajagat | mung jaginggis ting paringis | Sukawati sun rewangi pêpincangan ||

65. barêng uwus ana kang bisa angrêbut | padha panas driya | wong jail pating kathuwil | gustiningsun mêngko wus nêmah anekad ||

66. wus anglalu êmbuh dadine ing pungkur | mêngko dèn rêrêpa | yèn anuta dèn polahi | atêtombok bumi manèh têlung lêksa ||

67. wong gung-agung iya pijêr padha ngantuk | datan kaelingan | yèn Pangeran Mangkubumi | sutèng raja kang amutêr tanah Jawa ||

68. padha pêngung wong sapraja kabèh kumprung | pangran dèn pêpadha | kaya anêkêm cêcindhil | mêngko priye dene padha andhêdhêpa ||

69. wong wis labuh kalah sirna mênang ngukup | nora cipta gêsang | pirabara nêmu urip | yèn taliti Mataram yêkti mangkana ||

70. pae ingsun lawan sira kadi wêdhus | pikire butuhan | dèn wèhi sukêt sasuwir | sumarinthil datan ngitung wurinira ||

29. Pangkur

1. nauri Aryendranata | Adhi Pugêr bênêr wuwusirèki | pan ingsun panggonan luput | nanging ta kayaparan | wong kêkadang môngsa isin bangêr arus | jênênge tuwa kawogan | anggêgendholi wong lali ||

2. angling malih sang dipatya | jêlèh bosên [bo...]

--- 46 ---

[...sên] pikir nora wêwinih | pikir luput katarucut | kaping pat kaping lima | milu bubrah jagate agung rauru | rasane uwis karasa | biyang gaweane patih ||

3. kang pikire mamak rupak | pothar-pathir puthêr pating kuthikir | nora pênthèr ting kathuthur | kêthêr kang akêkancan | ngêndi ana wong tulung têka dipênthung | akêkudhung lulang macan | mrih sirna kang ngrêregoni ||

4. gone andhêplok nagara | mêlok-melik muluk rajabranadi | durga ngôngsa-ôngsa ketung | reyal ingkang katingal | sabên karya punggawa mantri panèwu | nora nganggo pilih papan | kêcing-kêcing diraupi ||

5. apa pacêklak wong mana | gawe Patih Pringgalaya madati | lan Tirtawiguna iku | padha adol nagara | kanthi jail muthakile kadalurung | nora têtêp antêpira | rusuh angrêsêki bumi ||

6. jêng pangeran angandika | Endranata miwah Si Adhi Wijil | dika makuwon karuhun | mring gène kang dipatya | mangke ratri kula karya angsul-angsul | enjinge andika mangkat | mantuk maring ing Samawis ||

7. pamit mundur kalihira | amakuwon wismane Dyan Dipati | Pugêr kang angirid mantuk | pra bupati sadaya | samya ngiring dhatêng Kapugêranipun | dyan dipati wus maragat | wingi maesa kêkalih ||

8. lawan wêdhuse sakawan | opor sèkêt-sèkêt panggange pitik | Pugêr kadi wong mêmantu | prapta tata alênggah | wedang maju Aryèndranata sru muwus | marang Pugêr Adipatya |

--- 47 ---

wong setanên sira iki ||

9. dene makuwon ing wana | dandanane ngluwihi wong Samawis | Dipati Pugêr amuwus | iki aran wong lanang | sayêktine kamurahane Hyang Agung | môngsa dadak kaya sira | gêlêm dadi kuli-kuli ||

10. sanadyan oleha rahmat | rahmat setan gumêr kang pra bupati | wontên jodhang kalih rawuh | saking ing pasanggrahan | mring Dipati Pugêr wau dhawuhipun | punika pêparingira | dhatêng tamu ingkang prapti ||

11. Adipati Pugêr nulya | dhawuhakên wau dhatêng têtami | ature prasamya nuhun | nulya dèn dhunkên samya | wêwadhahe sêmôngka durèn myang mundhu | prasamya bokor salaka | wadhahe pijêtan manggis ||

12. jêruk jirak lan sawangan | jambu salak talês gêmbili uwi | malinjo gayam kapundhung | sami bokor kancana | saya eram Endranata dènnya dulu | lajêng prasamya dhaharan | lan sagung para bupati ||

13. duta rêrêp mung sadina | lan sawêngi anèng ing Sukawati | sampun atampi wêwangsul | lajêng pamit umangkat | tan kawarna ing marga Samarang rawuh | katur kang sêrat wangsulan | mring gupêrnur ing Samawis ||

14. binuka sinukmèng driya | suraosing kadi duk amangsuli | mring Endranata ing dangu | gupêrnur langkung kewran | atanyaris maring duta kalihipun | kapriye polahe kana | dene têka ngadi-adi ||

15. nampik bumi têlung lêksa | têlung èwu apa kang dèn karsani |

--- 48 ---

iyèku wangsulanipun | panggawe wus kaliwat | dhingin amung trima sawah têlung èwu | mêngko kasèp duk kaswara | sapa wruh tibaning pati ||

16. nora angetung wêkasan | ora jamak apa bisa nglakoni | Aryèndranata turipun | tuwan kawula eram | kèhe wonge tan môntra-môntra wong dhusun | apênêt pelag-pelag |Kurang satu suku kata: apênêt apelag-pelag. busanane sarwa adi ||

17. jro wana dados nagara | pratingkahe lir wontên jroning puri | tuhu yèn winong Hyang Agung | tan wontên kakirangan | satingkahe kadya kamulyaning ratu | gupnur dahat kawêdhêngan | sigêg angupaya budi ||

25. Nyariyosakên kramanipun Pangeran Mangkunagara, kamantu ing Pangeran Mangkubumi, sarta kramanipun Gupêrnur ing Samarang, karawuhan ingkang Sinuhun ing Surakarta

18. gantya ingkang kawursita | pra pangeran kang samya madêg baris | kidul myang wetan prajagung | Pangran Mangkunagara | kang abaris anèng ing Gêmantar dhusun | milihi wong kang prayoga | pinacak dadya prajurit ||

19. sampun agung wadyanira | kêkapalan ginunggunga watawis | wontên sèwu malah langkung | kang rayi kalihira | prajurite kêkapalan gangsal atus |

--- 49 ---

Pangeran Mangkunagara | ingkang dadya pramugari ||

20. tansah sowan mring Jakawal | nèng Jakawal ngantos ing pitung ari | datan lami wangsulipun | kadhang samadya côndra | tugur anèng Jakawal kasukan nutug | abên-abên sawung gêmak | langkung sagêd ngambil galih ||

21. lamun sowan ingkang rama | prajurite pinilihan kang bêcik | kêkapalan sangang atus | wolu likur bandera | wus pinarêng jodho pangran ngambil mantu | apanggih sanaking sanak | Dyan Ajêng Intên kang wangi ||

22. Dyan Ajêng Bruwok pêparab | dhaup ari Saptu Bêsar kang sasi | ping pônca wlas tanggalipun | nuju Êbe kang warsa | sagung ingkang bupati prasamya kumpul | sangkalanira ingetang | sêmbah sapta rasa siji ||Sengkalan: sêmbah sapta rasa siji (Sêtu, 15 Bêsar 1672 A.J., Sabtu, 19 Desember 1747 A.D.).

23. jêng pangran dhatêngkên suka | ôndrawina lan sagung pra bupati | pitung ari laminipun | sawusira mangkana | ingkang garwa kalilan binêkta kondur | dhatêng barisan Gêmantar | nutug dènnya akaronsih ||

24. wusnya amiwaha putra | Jêng Pangeran Dipati Sukawati | senapatining prang pupuh | ing pramuka jayèngrat | miyos siniwakèng wadyabalanipun | pêpak andhèr ambalabar | dhawuh mring para bupati ||

25. kinon angêlar jajahan | angêngirup dhusun jawining nagri | Surakarta kang ingutus | Tumênggung Jayadirja | Rôngga Wirasantika katiganipun | Tumênggung Suryanagara | tindhih Pugêr Adipati ||

26. dhinawuhan baris langkap | sakilène Wanakarta tan têbih |

--- 50 ---

Ranadiningrat Tumênggung | lawan Rêksanagara | kinon anèng Pacangakan barisipun | kang liningan sigra budhal | praptèng papan pacak baris ||

27. ngirup tiyang padhusunan | kang tinêkan suyud tur pati urip | datan ana ingkang purun | malih kang cinarita | ingkang lagya kawêdhêngan mangun rêmbug | Idlir Gupêrnur Samarang | gêlêng golong ingkang pikir ||

28. amundhut mantri Samarang | mantri papat badhe bêkta kêkirim | sangkêlat miwah baludru | sutra ijo myang abang | miwah kang mur akathah ingkang kêkintun | kanthi sêrat sung tupiksa | mring Pangeran Sukawati ||

29. yèn gupêrnur arsa krama | pangran pinrih kèndêl amangun jurit | supadi tan karya kisruh | wus mangkat kang caraka | miwah nuduh dutatur sêrat sang prabu | mangkana suraosira | gupêrnur atur upêksi ||

30. lamun arsa parakrama | antuk sutanipun Idlir Batawi | Jakup Musêl julukipun | idlir prapta priyôngga | Hogêndhorêp minta pangèstu sang prabu | raharjaning mangun krama | basukia ing salami ||

31. ewamakatên manawa | wontên lunturing sih jêng sri bupati | kaparênga nujwèng kayun | nêdhaki mring Samarang | anjênêngi ing dintên paningkahipun | sayêkti kalingga murda | sih dalêm pinundhi-pundhi ||

32. ngiras pantês pêpanggihan | lawan Idlir Jakup Musêl Batawi | yèn sang nata karsa dhawuh | mangun raharjanira | nuswa Jawi idêlèr sayêkti cukup | nampèni karsa narendra | môngka sulihing [su...]

--- 51 ---

[...lihing] Kumpêni ||

33. umêsat ingkang dinuta | mundhi sêrat konjuk jêng sri bupati | datan winarna ing ênu | gantya kang kawuwusa | nagri Surakarta kangjêng sang aprabu | ingkang wiyoga sungkawa | saking rêruwêting bumi ||

34. mêngsah sangsaya angrêda | duk samana nuju ari Rêspati | miyos maglaran sang prabu | andhèr ingkang sumewa | pra punggawa panèwu mantri supênuh | sagung satriya nèng ngarsa | miwah sang anindyamantri ||

35. Dyan Dipati Pringgalaya | Sindurêja jajarira alinggih | sri narendra sigra dhawuh | samun parênging karsa | Pangran Arya Mataram sinung jêjuluk | Pangran Arya Buminata | têtêp dadya pramugari ||

36. para santana narendra | lawan malih kang kinarsan gêntèni | lênggahipun Singaranu | bupati numbakanyar | kaliwone ingangkat sinung jêjuluk | Dyan Tumênggung Cakrajaya | kang sewaka saur pêksi ||

37. jumurung karsa narendra | sawusira sang nata dangu warti | mring dipati kalihipun | ênggènipun kang mêngsah | pra pangeran lawan dangu wartinipun | ingkang rayi Jêng Pangeran | Ariya Amangkubumi ||

38. matur Dipati Sindurja | rayi dalêm Pangeran Mangkubumi | nèng KajawalJakawal. barisipun | ngadêgkên pawatangan | nanging mangke pan botên jumêjêngjumênêng. ratu | mung ngalih nama Pangeran | Adipati Sukawati ||

39. senapati ing paprangan | putra Tuwan Pangran Mangkunagari | pan sampun ingambil mantu | kathah para bupatya | môncapraja [mô...]

--- 52 ---

[...ncapraja] pasisir ingkang anungkul | Garobogan Warung Sela | Jipang Dêmak Jagaragi ||

40. samya sowan rayi tuwan | malah angsal wêwah andêling jurit | abdi manggalaning pamuk | tyang Bali kawan dasa | ingkang kalih jinunjung nama tumênggung | rowangipun sinung lênggah | kinarya mantri pinilih ||

41. punggawane ri paduka | kang mangilèn ing Langkap gène baris | sakawan bupatinipun | Tumênggung Jayadirja | lawan Rôngga Wirasantika pukulun | Tumênggung Suryanagara | inggih punika Suwandi ||

42. tindhihipun pun Paridan | mangke sinung nama Pugêr Dipati | mèsêm ngandika sang prabu | Si Suwandi nèng kana | Si Paridan têgêse bêbotohipun | pira dohe saka praja | Sindurêja awotsari ||

43. Langkap kilèn Wanamarta | angêgirup tyang dhusun kanan keri | salingsir wetan pukulun | saking ngriki têbihnya | ingkang wetan Pacangakan barisipun | Tumênggung Ranadiningrat | Tumênggung Rêksanari ||Kurang satu suku kata: Tumênggung Rêksanagari.

44. kang kidul Mangkudiningrat | juluk Pakuwaja nèng Kêbomati | Pamot Kanitèn jêjuluk | baris wontên Kalesan | alon dènnya ngandika jêng sang aprabu | sapa aran Pakuwaja | Sindurêja awotsari ||

45. putra Tuwan Dyan Mas Sabar | ingkang nama Pangran Kanitèn gusti | Dyan Mas Sambiya pukulun | dene putra paduka | ingkang sêpuh Dyan Mas Sait kang jêjuluk | Pangeran Mangkunagara | nèng Gêmantar dènnya baris ||

46. suyut malih tiyang desa |

--- 53 ---

sampun pêtêng margi dhatêng Matawis | ing Sêmbuyan Sultan Dhandhun | pulih sampun angrêda | mantuk malih tigang dhomas Ardikidul | sri narendra angandika | Buminata sun arani ||

47. wong ngalômpra tanpa karya | kang kaèsthi amung parawan sunthi | Sindurêja lan si oprup | sira asamêktaa | mukul mungsuh iya ing sadina sesuk | kang nèng kulon Wanakarta | kanthia bocah bupati ||

48. ing jaba Si Pakuningrat | lawan bocah bupati jro kêkalih | Nitidiningrat Tumênggung | myang Si Tirtawiguna | Adipati Sindurêja tuwan oprup | prasamya matur sandika | gya luwaran jêng siniwi ||

49. ing dalu tan winursita | enjingira oprup lan dyan dipati | anata prajuritipun | Kumpêni Slam kang dharat | Bali Bugis Makasar cacah rongatus | kêkalih kapitanira | Barak Tolong kang nindhihi ||

50. dragundêr satus atarap | pra bupati sawadya wus miranti | bêlabar andhèr supênuh | prajurit kêkapalan | winatara wontên sèwu malah langkung | oprup anêmbang têngara | sigra budhal saking nagri ||

51. kunêng gantya kang winarna | sadèrènge kangjêng sri narapati | utusan amukul mungsuh | kilèning Wanamarta | Jêng Pangeran Sukawati tampi sampun | sêrat saking ing Samarang | surasane sung upêksi ||

52. yèn gupêrnur arsa krama | ngarsa-arsa sih dalêm sri bupati | rawuh anjênêngi dhaup | kalamun kasêmbadan | sri narendra têdhak ngiras mangun [mangu...]

--- 54 ---

[...n] rêmbug | mrih mulyaning nuswa Jawa | jêng pangran dipun aturi ||

53. sapêngkêring raka nata | mugi sampun dhawuh amangun jurit | maring wadyabalanipun | mrêpêki Surakarta | dene lamun sri narendra sampun kondur | saking nagri ing Samarang | sakarsanta karya brangti ||

30. Asmaradana

1. Jêng Pangeran Adipati | Sukawati sawusira | maos gupêrnur surate | sigra dènira utusan | bubarkên barisira | pra punggawa kang tinuduh | angêlar-êlar jajahan ||

2. samya tinimbalan mulih | mring pakuwon Sukawatya | mituruti pamintane | Tuwan Gupêrnur Samarang | karsanya jêng pangeran | mamrih utamaning laku | aywa kongsi aprang nistha ||

3. sagung kang para bupati | ri sampuning tampi dhawah | kêbut sawadyabalane | Dipati Pugêr wus kathah | dènnya antuk têlukan | sapangulon sapangidul | lèr kali Pepe kewala ||

4. sami mêmacaki mantri | warata kang srat parentah | baris Langkap bubar kabèh | mangkana oprup lampahnya | mèh prapta Wanakarta | wontên têlik saos atur | mring Pangeran Pakuningrat ||

5. yèn mêngsah wus bubar wingi | mung kantun mantri satunggal | Ki Ngabèi Amad Salèh | kang têngga ing Wanakarta | gya Pangran Pakuningrat | pratela mring tuwan oprup | lamun mêngsah wus bubaran ||

6. ngandikan mring Sukawati | mung tilar mantri satunggal | Ki Ngabèi Amad Salèh | Tumênggung Suryanagara | Rôngga Wirasantika |

--- 55 ---

Dipati Pugêr Tumênggung | Jayadirja saha bala ||

7. wus bubar tan ana kari | oprup langkung cuwanira | asru banting topiyone | lah dawêg lajêng pangeran | nadyan siji botêna | Ngabèi Mad Salèh niku | alah mulih tanpa karya ||

8. sae laju magut jurit | nadyan kêdhika botêna | Ki Ngabèi Amad Salèh | wontên kapal tigang dasa | Mad Salèh balanira | oprup ngundhangi dragundur | lamun wus prapta padesan ||

9. aywa ngetung gêdhe cilik | sipat lanang tinumpêsan | sampun lajêng panganjure | sira Dyan Suraprameya | andêl Pakuningratan | Dyan Tirtawijaya juluk | lan Radyan Subadiwirya ||

10. Ngabèi Mad Salèh uning | lamun kadhatêngan mêngsah | têngara ngungkung bêndhene | wus mêdal saking padesan | mapan nèng ara-ara | katon untabe kang mungsuh | ewon lan kanthi Walônda ||

11. sigra dènira ngoncati | angalèr sabalanira | Ki Ngabèi Amad Salèh | banderanira binabar | bêndhe ngungkung tinêmbang | wong Jawa sami bêbujung | Kumpêni malêbèng desa ||

12. dèrèng wontên wong kang ngili | sajrone ing Wanakarta | oprup kalangkung dukane | cuwa mangsah ngangah-angah | tan kêna wong katingal | pamêdhange goprak-gapruk | tuwa rare sipat lanang ||

13. puyêngan pating jalêrit | gumêr otêr mawurahan | sira Oprup Totlomondo | langkung mawêrdi krodhanya | kadya yêksa mamôngsa | pêpati sungsun matimbun |

--- 56 ---

latar kêbon jroning wisma ||

14. miwah ta sajroning masjid | wontên tiyang pitung dasa | jaka kaki-kaki rare | sampun tinumpês sadaya | wontên juga wong tuwa | nguni lungsuran pangulu | duk arjanèng Kartasura ||

15. nuwun kèndêl dèn lilani | pinanci pinaring pangan | wontên dhusun ing Gêgodhong | nanging sabên balanira | pangeran lan Walônda | campuh prang wontên ing ngriku | laju ngili Wanakarta ||

16. mantune ingkang mondhongi | Ki Ngabèi Saradipa | wus pinarêng ing ajale | nora kêna asêsambat | wus milu pinêjahan | akarya eram kang dulu | saênggon-ênggon pêpêjah ||

17. lir pendah babadan pacing | dragundêr satus kang mêdhang | katuwukên akèh melok | miwah poporing sanjata | akathah ingkang sigar | wusnya sirna wong sadhusun | oprup lan mantri wasesa ||

18. miwah katiga bupati | budhal saking Wanakarta | langkung kathah jarahane | dalu praptèng Surakarta | ing wanci bakda ngisa | lajêng tumamèng kadhatun | matur solahing dinuta ||

19. lamun Pugêr wus gumingsir | amung mantrine kewala | pun Ngabèi Amad Salèh | punika ingkang anglawan | langkung mêmanasing tyas | dhusun kang anut ing mungsuh | dadya dèn gêmpur sadaya ||

20. sri narendra ngandikaris | iya bênêr karêpira | iki mungsuh mundur kabèh | kang wetan wus padha bubar | kidul uga mangkana | tan ana nêlukkên [nêlukkê...]

--- 57 ---

[...n] dhusun | kajaba kang wus kèdêgan ||

21. oprup sampun pamit mijil | ing dalu datan kawarna | enjing prapta pustakane | Tuwan Gupêrnur Samarang | oprup wus manjing pura | surat katur ing sang prabu | binuka sinuksmèng driya ||

22. sang nata ngandika aris | oprup iki kang surasa | iya Gupêrnur Hondhorop | tur uning yèn arsa krama | antuk idlir sutanya | Jakup Musêl jênêng ingsun | arsa têdhak jênêngana ||

23. Si Hondhorêp gone krami | sira nuli sarêmbuga | lan dipati sakarone | prayogane ari tanggal | têdhak sun saka praja | lawan sapa ingkang tugur | sarta dhèrèk jênêng ingwang ||

24. oprup sandika mijil |Kurang satu suku kata: oprup sandika umijil. sapraptanira ing jaba | wus panggih lan patih karo | dadosing pirêmbagira | oprup lan sang dipatya | Soma juga tanggalipun | prayogining têdhak nata ||

25. kang tugur têngga nagari | Adipati Sindurêja | Arya Mlayakusumane | Tumênggung Kartanagara | Pangeran Pakuningrat | lan Wiraguna Tumênggung | liyane saking punika ||

26. kêrig dhèrèk mring Samawis | dene bupati majêgan | ing Mataram sakarone | Tumênggung Jayawinata | Rajaniti kanthinya | datan dhèrèk kantun tugur | anèng tanah ing Mataram ||

27. pra santana ingkang kari | Jêng Pangeran Buminata | sarèhe panêngên kabèh | dene prajurit Walônda | kang dharat kawan dasa | rumêksa jêmpana prabu | dragundêre wolung

--- 58 ---

dasa ||

28. oprup lawan nindyamantri | sawusnya dadi kang rêmbag | prasamya malbèng kadhaton | umatur jêng sri narendra | sadaya rêmbagira | amarêngi sang aprabu | oprup lawan sang dipatya ||

29. mêdal aparentah nuli | angrukti pirantinira | praptane ing ari Sênèn | tanggal pisan sasi Sura | nuju wau kang warsa | jêngkarira sang aprabu | saking nagri Surakarta ||

30. sinêngkalan têdhak aji | gunaning rêsi bahingrat |Sengkalan: gunaning rêsi bahingrat (Sênèn, 1 Sura 1673 A.J.) [sic. seharusnya: Rêbo, sengkalan: gunaning rêsi bahingrat (Sênèn, 1 Sura 1673 A.J., Rabu, 3 Januari 1748 A.D.)]. kang wadya balabar ambèr | amênuhi wana marga | sagung bupati jaba | kang sami lumakyèng ngayun | bupati jro anèng wuntat ||

31. Jêng Gusti Pangran Dipati | Anom Amêngkunagara | Sudibya Rajaputrane | risang narendra Mataram | mandhirèng Surakarta | dhèrèk têdhaknya sang prabu | kêbut sapunggawanira ||

32. lampah dalêm tigang ratri | gupêrnur pamêthuktirapamêthukira. | myang bupati pasisire | nèng salèring Payungpudhak | satus dragundêrira | wong Surakarta kèh pandum | Hondhorêp mantun sarigak ||

33. mantun prak ati apêkik | manise sêbut kewala | wudharing badan gêdoblo | andhingini udhunira | gupêrnur saking kuda | amurugi sang aprabu | angrangkul sarwi karuna ||

34. kêsêsêgên dènnya nangis | sang nata mundhut turôngga | sigra dènnya ngunjukake | gupêrnur marang sang nata | nulya sami lêlampah | sagunging bala pangayun | kinèn lajêng mring Pragota ||

35. badhe pasanggrahan aji | sinaosan [sina...]

--- 59 ---

[...osan] ing Pragota | wadya pangarsa lampahe | wus sami praptèng Pragota | diwasaning baskara | rawuh dalêm sang aprabu | anèng ing nagri Samarang ||

36. Twan Jakup Musêl Idêlir | amêthuk wahana rata | wus panggih lan sang akatong | angrangkul arasan jôngga | idlir dahat noraga | sang nata ngaturan sampun | anitih tunggil sarata ||

37. sapraptanira ing loji | umyang kodhokngorèk ngangkang | barung musik lan swarane | carabalèn myang pradôngga | mariyêm magênturan | kadi angrubuhna gunung | gêgêtêri kang miyarsa ||

38. laju lênggah trun sang aji | idlir langkung kurmatira | ngungun dènnya sangêt sihe | dhatêng badhe mantunira | paran winalêsêna | sih dalêm jêng sang aprabu | kang satuhu tanpa timbang ||

39. satêngah wolu sang aji | jêngkar dhatêng ing Pragota | idêlèr andhèrèkake | lan gupêrnur mring Pragota | prapta wus masanggrahan | tuwan idlir myang gupêrnur | wangsul sarêng pamitira ||

40. ing dalu datan winarni | enjinge idêlèr prapta | lawan gupêrnur sarênge | sowan tuwi jêng sri nata | wusnya lênggah watara | nulya pamit sarêng mundur | antara ing tigang dina ||

41. sri narendra lan jêng gusti | dèn aturi jênêngana | gupêrnur ing paningkahe | idêlir mêthuk priyôngga | mawi ambêkta rata | badhe titihan sang prabu | miwah jêng pangran dipatya ||

42. idêlèr nganthi sang aji | inggahipun ing kareta | duk ngancikan pancadane |

--- 60 ---

jêplak wêsinira pokah | mêsat garègèl samya | tibèng siti duk andulu | idêlir kagyat ing driya ||

43. dangu dèn iling-ilingi | nora pantês yèn putunga | dene santosa prantine | idlir dahat kagawokan | ngunandika jroning tyas | apa baya sang aprabu | dêduka mring jênêng ingwang ||

44. idêlir umatur aris | sri narendra ingaturan | wangsul lênggah nyarèhake | idêlir sigra utusan | amundhut santun rata | amerang sajroning kalbu | nanging sinamun ing netya ||

45. tan antara rata prapti | idêlir matur ngrêrêpa | angaturi têdhak katong | myang jêng pangran adipatya | saksana sigra têdhak | saking Pragota sang prabu | sawadyabala balabar ||

46. sapraptanira ing loji | langkung saking saban-saban | Kumpêni atur kurmate | sawusira paripurna | paningkahing pangantyan | mangun kasukan sang prabu | sêsugun mawarna-warna ||

47. satêngahe pukul katri | unduripun sri narendra | antara kalih arine | idlir sowan ing sang nata | gupêrnur atut wuntat | prapta pasanggrahan tundhuk | idlir alon aturira ||

48. dhuh pukulun sri bupati | kawula dipun pitungkas | ing eyang tuwan sang katong | umatur paduka nata | lamun jêng tuwan jendral | ing mangke nalôngsa tuhu | rumaos ing sisipira ||

49. dene nguni angaturi | pamrayogi sri narendra | ngêlongi sabin lênggahe | rayi tuwan Jêng Pangeran | Mangkubumi kang dadya |

--- 61 ---

manggalèng prajurit punjul | kirang titi pamariksa ||

50. gurnadur tan ngintên yêkti | lamun dadya galihira | ngluwihi para kadange | mangkya atêmah putungan | nispala wawan-wawan | Walandi kang sampun lampus | ing prang satus kawan dasa ||

51. Kumpêni Islam kang mati | kawan atus pitung dasa | mung kaping tiga yudane | amêngsah rayi paduka | Mangkubumi Pangeran | yèn kalajêng bêndunipun | saèstu awrat sinôngga ||

52. gupêrnur sampun ngrêmbagi | dipun êbang tigang lêksa | lan tigang lêksa punjule | ngaturan kondur mring praja | sowan ing padukendra | nanging kêkah botên keguh | sampun nêmah anêmpuh byat ||

53. marma lamun sri bupati | kaparêng panudyèng karsa | ingindhakan pangêbange | sri narendra angandika | iya sakarsanira | lawan karsane gurnadur | ingsun mung nyarah kewala ||

54. wit ingsun liwat prihatin | duk gurnadur darbe karsa | ngêlongi gêgadhuhane | lungguhe sawah yayi mas | ingsun kongsi sêsambat | mantunira si gupêrnur | padha susahe lan ingwang ||

55. Yayi Êmas Mangkubumi | prawira ambêg pasaja | awêkêl ing bêbudène | durung tau wani cidra | marang ing kadang tuwa | rumêksa têmên nrus kalbu | tan kumêdhèp lamun yuda ||

56. môngka manggalèng prajurit | awantêr putus ing gêlar | sun dhawuhna akèh-akèh | Hogêndhorêp iya uga | wus nyipati priyôngga | lamun angawaki pupuh | mungsuh pangeran [pange...]

--- 62 ---

[...ran] lêlima ||

57. dèn ijèn bae tan kongsi | dadi gawening nagara | mêngko sun mung masrahake | lamun kêna tinututan | gêlêm mulih mring praja | seba marang jênêng ingsun | aja angarani sawah ||

58. pira-pira sun turuti | panjaluke yayi êmas | kadang kang dadya tyas ingong | rowang rumêksa nagara | yèku kang wus têtela | iya dadi kanthiningsun | karya mêmanising praja ||

26. Ingkang Sinuhun kundur dhatêng Surakarta, kramanipun Pangeran Adipati Anom, sarta karampunganing Kumpêni niyat anêmênani Pangeran Mangkubumi.

31. Dhandhanggula

1. Idlir Jakup Musêl turiraris | yèn makatên inggih botên susah | prakawis katêlangsone | eyang tuwan gurnadur | botên tuwan nutuh nambuhi | pan dede saking tuwan | inggih purwanipun | lamun tuwan ngêkahana | bok winastan kirang pracayèng Kumpêni | makatên tyas paduka ||

2. botên tiwas saking padukaji | inggih punika gurnadur jendral | ingkang tiwas panggawene | paduka sampun langkung | dene kadang kang dadya kanthi | kinarsakkên ing jendral | lorot lênggahipun | paduka datan suwala | botên kirang kasaenan [ka...]

--- 63 ---

[...saenan] sri bupati | èstu langkung utama ||

3. Jakup Musêl sampun anyathêti | barang pangandikane narendra | têrang rampung ing ature | idlir lawan gupêrnur | sigra pamit wangsul mring loji | tan winarna samana | ing sasampunipun | rêrêpira sri narendra | pitung ari anèng nagri ing Samawis | sigra jêngkar sing praja ||

4. kondur marang Surakarta nagri | ari Anggara tanggal ping sanga | agung Kumpêni kurmate | tan pae duk arawuh | twan gupêrnur lawan idêlir | kathah tur-aturira | ing kangjêng sang prabu | tigang ratri sri narendra | anèng marga praptanira ing nagari | anuju ari Sukra ||

5. wus ngadhaton kangjêng sri bupati | wadyabala mantuk sowang-sowang | wong cilik eca manahe | mangkana sang aprabu | animbali punggawa katri | Sindurja Pakuningrat | de katiganipun | Ariya Mlayakusuma | sri narendra andangu wartane wuri | hèh Dipati Sindurja ||

6. iya priye ing sapungkur mami | mungsuh apa mrêpêki nagara | dyan dipati lon ature | botên wontên pukulun | eca kèndêl ênggène lami | tan wontên obah molah | amung wartos ulun | para pangeran sadaya | samya ingandikan dhatêng Sukawati | èlèr-èlur gêntosan ||

7. marginipun tan purun margèni | inggih dhusun kang dèrèng kabawah | amung margèni bawahe | ngandika sang aprabu | aprakara Si Mangkubumi | ingsun wus suci asta | mring idlir gupêrnur | pan ora [o...]

--- 64 ---

[...ra] marga sakingwang | iya jendral margane tinggal nagari | puguting tyas yayi mas ||

8. nalikane ingsun andhawuhi | anèng pura iya mring yayi mas | ingsun longi gadhuhane | mung kudu amit lampus | merang miyat samaning janmi | nadyan dèn êlongana | mung satus rongatus | nora pisan cipta gêsang | kang kaèsthi amung nêdya nglampus dhiri | aminta lilah ingwang ||

9. yèku eling sutaning narpati | cacah cucah kakehan parentah | amung katon ing wirange | nêmah nekat anglampus | Yayi Êmas Amangkubumi | mêngko abot sinôngga | Walandane gêtun | katujune raganingwang | duk samana Hondhorêp wus sun dhawuhi | ing labête yayi mas ||

10. dahat dènnya Hondhorêp prihatin | sanggup lamun wus kalingan warsa | bumi dèn balèkkên manèh | mring yayi têlung èwu | jendral yêkti datan udani | nanging ta yayi êmas | basa wus katrucut | tan bisa ambalènana | ing basane ajur luluh dèn lakoni | ing mêngko kalampahan ||

11. Arya Mlayakusuma duk myarsi | dhawuh pangandikane narendra | barêbês mijil waspane | Pakuningrat dhêkukul | Sindurêja pucêt anjêgrig | nata malih ngandika | ing mêngko gurnadur | dahaddahat. dènnya analôngsa | pangêbange lamun Yayi Mangkubumi | arsa mulih mring praja ||

12. têlung lêksa punjul Sukawati | têlung èwu dutane Walônda | bola-bali tanpa gawe | adhi mas malah nêpsu | diwèhana [di...]

--- 65 ---

[...wèhana] bumi sakêthi | nora niyat melika | dudu anak jagul | mung eling sutaning raja | nora bisa anganggo lambe balantik | ajur luluh anêmah ||

13. prang ping têlu Dhimas Mangkubumi | si gupêrnur kang matur maringwang | pawartane Walandane | pan satus patang puluh | Mêkasare lan Bugis Bali | kang mati prang ping tiga | iya patang atus | lawan punjul pitung dasa | mayor karo kapitane ya kêkalih | kairas ing yayi mas ||

14. Sindurêja nora darbe gêtih | nanging pamuwuse jroning nala | ingsun iki wong kêkarèn | barang rèh atut pungkur | sri narendra anguningani | marase Sindurêja | cinandhak sinamun | ngandika mring Mlayasuma | bala iki kakangira Mangkubumi | nukuli Surapatya ||

15. kadi Panêmbahan Senapati | wani tangguh trusing kalbu tatag | hèh Sindurja kayapriye | tangkêpe ing prang pupuh | Yayi Êmas Amangkubumi | duk aprang lawan sira | Sindurja wotsantun | tangkêpipun rayi tuwan | nadyan kathah abdine botên nanglêdi | eca lorot kewala ||

16. yèn pinêlak punika tan kêni | bêbayani luhung kinèndêlna | amung lêstantun lampahe | datan kenging tinangguh | yèn têrkadhang abdine kêdhik | mêngsahe tikêl tiga | botên nêdya mundur | nuntên anglêlêt bandera | ingkang kathah nglêlêt bandera jro jurit | manahe sampun gêmpal ||

17. mila kathah katiwasan gusti | rayi dalêm [da...]

--- 66 ---

[...lêm] yèn nglêlêt bandera | badhe angantêp pamuke | têmahan gêmpur tumpur | ingkang sami nadhahi jurit | dene rayi paduka | ngawaki anamur | ngangge cara lurah numbak | kang nitihi kudane asongsong kuning | pun Suwandi kewala ||

18. ingkang dadya ngungun amba gusti | abdinipun kang samya tinilar | bêkêl dhusun sadayane | tan wontên purun têluk | amung sikêp tuwa pamburi | punika mung têrkadhang | nanging mèh sadarum | samya andhèrèk saparan | rayi dalêm saèstu jinayèng jurit | katôndha ing pratôndha ||

19. punggawane anaracak pêkik | wani tangguh bèrbudi yuwana | awêgig sabarang gawe | kontap prawira punjul | amunjuli punggawa nagri | titi patitis ing prang | kukuh datan keguh | kinarubut mêngsah kathah | Radyan Arya Mlayakusuma bêbisik | mring Pangran Pakuningrat ||

20. dhuh adhi mas punapa wus tampi | kyai lurah puniki agawat | amirit-mirit ature | anjiwit sisihipun | kang kinitêr aturing aji | Ki Lurah Pringgalaya | lulute amuput | puniku ingkang kinalang | Pakuningrat nauri sarwi bêbisik | inggih lêrês Sindurja ||

21. kasangêtên Pringgalaya yêkti | Singaranu mati nèng payudan | nora ginantèn sutane | utawi kadangipun | têka Cakrajaya kinardi | gamêle Martanata | ginawe tumênggung | mung katon sèwu kewala | Pringgalaya nora ngatokkên taliti | wicara yèn bagusa ||

22. Cakrajaya [Cakra...]

--- 67 ---

[...jaya] apa kang pinilih | dhapur nora amicara nora | rusuh nora na kapoke | mung reyal kang kaetung | datan pisan rumêksa gusti | mamrih arjaning praja | utamaning ratu | maksih akèh pagawean | Pringgalaya nganggo pikir bosah-basih | silulup ing pawuhan ||

23. nora etung rêrêgêd mênuhi | Pringgalaya gawe nora tata | sok karamas ing pacêrèn | anêmpuh bangêr arus | kadya paran tingkah puniki | angling Mlayakusuma | yayi kula bingung | ing rasa botên karasa | mila wau duk sang prabu angraosi | kang rayi Sukawatya ||

24. kula datan sagêd amiyarsi | awit môngsa andadak antuka | ngupayaa lêlirune | têtêp mantêp ing kalbu | kadi Kangmas Amangkubumi | madhangakên nagara | anyirnakkên mungsuh | prandene ginawe ala | awak dhèwèk malih yèn dadia usring | picise nora ana ||

25. sigra dhawuh kangjêng sri bupati | punggawa tri samya kinèn mêdal | antara côndra lamine | kèndêl tan wontên pupuh | kunêng malih ingkang winarni | kangjêng sri naranata | karsa amêmantu | mikramakkên atmajendra | jêng pangeran dipati antuk putrining | Jêng Ratu Madurêtna ||

26. kang patutan saking adipati | Cakraningrat Bupati Madura | Dyan Ajêng Wuku namane | sang nata wus anuduh | duta mundhi nawala maring | kangjêng gurnadur jendral | myang tuwan gupêrnur | sung uning miwaha putra | praptanira ing ari para [pa...]

--- 68 ---

[...ra] bupati | wus rakit makajangan ||

27. nguyu-uyu sakati sang aji | pra bupati ambêkta pradôngga | nèng sebane dhewe-dhewe | samya kasukan nutug | rêrênggane datan winarni | mung cinatur panggihnya | ri Anggara nuju | wimbaning lèk ping kawan wlas | amarêngi ing wulan Jumadilakir | Wawu sangkalanira ||

28. guna sapta rasaning narpati |Sengkalan: guna sapta rasaning narpati (Sêlasa, 14 Jumadilakir 1673 A.J.) [sic. seharusnya: Rêbo, sengkalan: guna sapta rasaning narpati (Sêlasa, 14 Jumadilakir 1673 A.J., Rabu, 12 Juni 1748 A.D.)]. ningkah anèng sasana sewaka | panggih munggèng dalêm gêdhe | kunêng ingkang manungku | pinangantèn anèng jro puri | gantya kang winursita | Gêndhorêp Gupêrnur | wira-wiri dutanira | ngipuk-ipuk mring Pangeran Sukawati | nanging datan tinampan ||

29. kaku tyase ngantêp kanthi peling | Pangran Sukawati pindha arga | tinêmpuh ing angin gedhe | kukuh tan mawi keguh | langkung kewran para radpêni | dadine kang pirêmbag | para rad wus kumpul | mung nêdya ingantêp yuda | ginoco pat jendral ngupaya prajurit | maring nagri Walônda ||

30. tigang atus prajurit linuwih | pêpilihan nama Wlônda usar | apan seje panganggone | abaabang. saruwalipun | rasukane sangkêlat wilis | cêmêng kêkulukira | amawi kêkucur | kangkame sabêlah jaja | nanging taksih kinumpul nagri Samawis | angantos paprangkatan ||

31. kinêrigan Walônda pasisir | Surabaya Gêmbong lan Japara | Kumpêni Têgal tunggile | wus dadya gangsal atus | kalih atus dragundêrnèki | senapatining yuda | Sakèbêr kang sanggup | wus ngangkat mayor samana |

--- 69 ---

Mayor Kèbêr gêng inggil ototê bêcik | kadya Prabu Ngalêngka ||

32. pra prajurit Walônda kang sami | anèng Sala sampun pinilihan | kang prakosa satus kèhe | Kumpêni minta sampun | ing lilane jêng sri bupati | dhawuh timbalan nata | lila anrus kalbu | sira sang mantri wisesa | dhinawuhan mêmatah sagung bupati | biyantu pêpucungan ||

27. Bidhalipun prajurit saking kitha Surakarta badhe amikut Pangeran Mangkubumi

32. PocungTeks asli: Pucung.

1. kang anglurug Pringgalaya tindhihipun | Dipati Sindurja | kang kantun têngga nagari | lan bupati jaba Pangran Pakuningrat ||

2. liyanipun krig bupati jawi tumut | nadyan pamajêgan | kang kilèn sami kinêrig | ing Banyumas Banjar Mêrdèn Panjêr Roma ||

3. Dhayaluhur Dhatar Ngayah lan Matarum | sadaya binêkta | mung Jayawinata kari | Kalibêbêr Têrsana tuwin Têmpuran ||

4. dene sagung môncanagara tinuduh | sami akêkirab | baris anèng jaban nagri | pra bupati pasisir ugi sadaya ||

5. pan tinuduh baris jaba nagrinipun | ingkang kinawruhan | Pangran Arya Mangkubumi | gêlaring prang prajurite kang ingumbar ||

6. ngalèr ngidul lêpas pra tumênggungipun | tan kêna ginampang | gêlare wus samya dadi |

--- 70 ---

punggawane wantêr tan ajrih ing pêjah ||

7. marmanipun mungsuh pra pangeran kidul | lêlima punika | nora nganggo dèn rawati | mung pinêlêng satunggal ing Sukawatya ||

8. asal putung kang siji kabèh malêdug | tan dadi abahan | mung Pangeran Sukawati | tinêmênan Kumpêni nora kainan ||

9. ing pangêlus ngêla-êla angrêrarapuLebih satu suku kata : ing pangêlus ngêla-êla angrêrapu. | aja kongsi tiwas | anèng samadyaning jurit | ingaturan kondur maring prajanira ||

10. yèn mituhu têlung lêksa sabinipun | lawan tigang nambang | prabu anom senapati | anèng Surakarta sor-soraning raja ||

11. wênang nabuh sabarang ing karsanipun | lilahe kang raka | têka dadak datan kungkih | mêksa mampang rêmbage gurnadur jendral ||

12. langkung kaku tyasira tuwan gurnadur | apa kang sinêdya | dene kukuh nora kungkih | dadya minta Kumpêni marang Samarang ||

13. lilanipun mring kang rayi dèn satuhu | badhe tinêmênan | aprang sapisan puniki | sri narendra lila nrus ngêbyarkên asta ||

14. milanipun kinarakat badhenipun | gêbyura samodra | ngungsia dhasaring warih | amumbula marang ing langit ping sapta ||

15. dipun êlud saparane dèn bêbujung | pan rinoban lawan | ing lampah mêlêng sawiji | rinakitan pasisir môncanagara ||

16. ya ta wau siyaganira wadyagung | wus tata warata | dhawuh timbalan narpati | kaping catur Rêjêp bidhal saking praja ||

17. ingkang kantun tata makajangan sampun |

--- 71 ---

bupati jro samya | akarya pakuwon mantri | anèng jroning pagêr jaroning kadhatyan ||

18. dunungipun Sindurêja dènnya tugur | kilèn sitibêntar | nging dèrèng karya sitinggil | Pangran Pakuningrat makuwon pagongan ||

19. malihipun para pangeran sadarum | sami makajangan | ing alun-alun marapit | kawuwusa ping catur Soma arinya ||

20. pra tumênggung barise wus samya kumpul | balabar bra sinang | Pringgalaya Adipati | wus samêkta budhal maring ing paseban ||

21. barisipun Kumpêni dhêndhêng ngêndhanu | kidul wringin kêmbar | Kumpêni dènira baris | karya ebat angajrihi kang umiyat ||

22. tigang atus Sakèbêr dragundêripun | tigang atus usar | dadya nêmatus turanggi | upêsire kang nênêm pangkat kapitan ||

23. litnanipun kalih wêlas cacahipun | Kumpênine Islam | ingkang dharat winitawis | pitung atus Bugis Bali lan Makasar ||

24. barisipun para bupati kang nglurug | lèr waringin kêmbar | ngilèn ngetan amênuhi | busanabra gêgaman maneka warna ||

25. pra tumênggung sami magêlaran sampun | cacahe sawêlas | Mlayakusuma akanthi | Wiraguna Tumênggung Kartanagara ||

26. malihipun Dyan Mangkupraja Tumênggung | Radyan Natayuda | Dyan Ônggawôngsa akanthi | Cakrajaya Dyan Tumênggung Wiradigda ||

27. Dyan Tumênggung Kartadipa lan Tumênggung | Banyumas Mataram | Yudanagri Rajaniti | myang Ngabèi [Nga...]

--- 72 ---

[...bèi] Ngayah Pasir Panjêr Roma ||

28. Dhayaluhur Banjar Kalibêbêripun | upêsir sadaya | lan Sakèbêr wus sumiwi | nèng paglaran nganti wiyose sang nata ||

29. tan adangu wiyosira sang aprabu | horêg panangkilan | lênggah ing amparan rukmi | sigra Mayor Sakèbêr ngandika nyêlak ||

30. nyêlak oprup sri naranata andulu | untabing kang wadya | agung èstu gêgirisi | angandika mring Dipati Pringgalaya ||

31. bocah ingsun wadana kliwon sadarum | sira dhawuhana | maju ngabêkti ing mami | sigra mangsah patih lan para bupatya ||

32. sampunipun lajêng pra kliwon sadarum | anulya ngandika | wau kangjêng sri bupati | hèh sagunge bocah sun kang arsa yuda ||

33. iya ingsun jurung salamêtirèku | tur sêmbah gumêrah | ature wadyabalaji | nulya mayor upêsir majêng tabean ||

34. duk puniku Sakèbêr bêbêntingipun | pan cindhe jalamprang | wus pamit ing sri bupati | sarêng budhal lan Dipati Pringgalaya ||

35. paminipun ginunggunga kang wadyagung | langkung yèn salêksa | kang ngrênggêp gêgaman jurit | kang angantêp lampah sapisan punika ||

36. bidhalipun urmat mariyêm jumêgur | panganjuring lampah | bupati sèwu akanthi | numbakanyar Dyan Tumênggung Cakrajaya ||

37. kang sumambung Bumi lan Bumija iku | Radyan Mangkupraja | Natayuda kang nambungi | sira Radyan Tumênggung Kartanagara ||

38. Dyan Tumênggung Wiraguna wurinipun |

--- 73 ---

Arya Mlayasuma | Wiradigda kang nambungi | wurinira Dyan Tumênggung Kartadipa ||

39. wurinipun bala Kumpêni sumambung | myang Kumpêni Islam | dene wurinipun malih | barisira Dyan Dipati Pringgalaya ||

40. wurinipun Yudanagara Tumênggung | sagung pamajêgan | lan Tumênggung Rajaniti | lampahipun anut iladuninira ||

41. wiwit ngidul dènnya mlampah sing lun-alun | anjok ing Pilalan | ing Jatitêkên kang dèsi | samya kèndêl baris makuwon sadaya ||

42. lêrêsipun ing Nusupan kidulipun | saratri enjingnya | budhal angetan sakêdhik | mung samadya onjotan arêrêp samya ||

43. pan sadalu anèng Samin raning dhusun | enjangira budhal | angenggoki iladuni | laju ngalèr lampahe asêsinoman ||

28. Prajuritipun Pangeran Mangkubumi angrampit kitha Surakarta

33. Sinom

1. amung angsal saonjotan | pangalère lampahnèki | kèndêl dhusun Jatimalang | ing ngriku badhe alami | ngiras ngêntos-êntosi | bala kang kantun ing pungkur | lan iladuninira | saking praja mindhik-mindhik | kunêng gantya mungsuh ingkang kawuwusa ||

2. kang baris anèng Jakawal | têlike atur udani | mangkana ing aturira | dhuh

--- 74 ---

pukulun kangjêng gusti | mêngsah mijil sing nagri | langkung agêng barisipun | Walandi kanêm bêlah | Mêkasar Bugis lan Bali | pitung atus Sakèbêr sênapatinya ||

3. têtindhih prajurit Jawa | Pringgalaya Adipati | pra bupati kalih wêlas | wontên salêksa kang baris | lampahe mindhik-mindhik | saking nagari pukulun | nèng Dhusun Jatimalang | ing mangke kèndêling baris | saonjotan têbihe saking ing praja ||

4. Jêng Pangeran Sukawatya | gya nimbali pra bupati | wusnya pêpak angandika | hèh Kakang Pugêr Dipati | mungsuhira wus mijil | saking praja luwih agung | Dipati Pugêr turnya | suwawi dipun tandhingi | binabingung gêlar sami ingowahan ||

5. putra paduka Pangeran | Mangkunagara prayogi | anuntêna tinimbalan | amrih sakecaning pikir | mantri ngarsa tinuding | umêsat ingkang ingutus | sagung kang pra bupatya | asaos ing siyang ratri | wus samakta busana kapraboning prang ||

6. ing ratri Kanjêng Pangeran | Adipati Sukawati | mangsah angêningkên cipta | nêgês karsaning Hyang Widhi | nunggal kahanan jati | sampurna wêngku-winêngku | wus katon wela-wela | têtela lamun ing mangkin | dèrèng môngsa angantêpa magut yuda ||

7. wau lampahing utusan | kang marang Gêmantar prapti | Pangeran Mangkunagara | tinimbalan wus lumaris | datan amêpak baris | mung lan kuda kawan atus | sinêrung lampahira | ing Jakawal sampun prapti | ing ngarsaning kang

--- 75 ---

rama gya ngaras pada ||

8. lawan Pugêr sêsalaman | kang rama ngandika aris | kulup mêngko mungsuh mêdal | iya saking ing nagari | liwat gêdhening baris | nèng Jatimalang kêkuwu | matur nêmbah pangeran | kawula sumanggèng kapti | iya kulup ana dene karsaningwang ||

9. yèn mungsuh uwis karuwan | manjing tanah Sukawati | ingsun angrampit nagara | Kakang Pugêr bae kari | ana ing Sukawati | yèn durung karuwan durung | sira iya barênga | mêdal sakidul nagari | ingsun ingkang mêtu sakulon nagara ||

10. dene baris Jatimalang | lamun durung mobah mosik | ya ingsun mênêng kewala | amung angumbar prajurit | lan pamanira kalih | Buminata Singasantun | karo padha kirabna | dèn kêriga wong ing wukir | angancika marang ing kutha Kaduwang ||

11. yèn wus bêdhah ing Kaduwang | nêdya maring Pranaragi | nadyan ora kalampahan | dèn ana niyate ugi | wakira kang Suryadi | apa tan kêna ingadu | iku lamun kênaa | lêbokêna mring Matawis | matur nêmbah Pangeran Mangkunagara ||

12. botên kenging yèn pun uwa | pamanahanipun sami | lan pun paman kalih pisan | Buminata Singasari | langkung gènipun jirih | rayi paduka pukulun | maksih dhêlik nèng arga | anggege bangun kamuktin | dèrèng dhokoh ing prang gya jumênêng sultan ||

13. nama Sultan Malaekat | inggih Dhandhun Martèngsari | gumujêng kang pra bupatya | pangeran ing

--- 76 ---

Sukawati | alon dènirè angling | puluh-puluh ya sapuluh | wong lunga saka praja | yèn ora nêdya ngêmasi | satingkahe môngsa ta kadadèhana ||

14. iya kulup wus muliha | yèn ingsun sida angrampit | masthi utusan mring sira | iya ulihira iki | mêtua aja têbih | maripita baris agung | lah coba ungkabana | atine kang padha baris | tur sandika Pangeran Mangkunagara ||

15. wus pamit anguswa pada | têngara bêndhe tinitir | kang wadya sampun tinata | wolu banderanirèki | rinakit anyèkêti | Kudanawarsa nèng ngayun | Radèn Suryanagara | Jayadirja Brajamusthi | samya kinèn mêmanuki saking wuntat ||

16. wau ta ing lampahira | Pangeran Mangkunagari | praptèng dhêdhagan larangan | bewaking mungsuh udani | lumajêng tur upêksi | lamun wontên mêngsah rawuh | gègère apuyêngan | anambur wadya Kumpêni | baris Jawa wus mijil sami atata ||

17. Tumênggung Kudanawarsa | kang munggèng kuda sêsirig | turanggane ulês janjam | biru wuri pancal kalih | pra tumênggung miranti | tiningalan wong lêlaku | dudu wong magut ing prang | katur Sakèbêr wus mijil | lampahira ngidul ngetan lon kewala ||

18. ingkang lèr ana katingal | nanging wangsul ngalèr malih | graita kang pra bupatya | yèn Pangran Mangkunagari | seba ngatas ing kardi | mring kang rama baya iku | kukut sagung gêgaman | sami mantuk pondhok malih |

--- 77 ---

ya ta wau ing Jakawal kawursita ||

19. jêng pangeran amêmatah | Suryanagara tinuding | lan Rôngga Wirasantika | Tumênggung Jadirja kanthi | katri punggawa sami | kang kinon karya pêpucuk | angrampit Surakarta | anyatus ingkang prajurit | kêkapalan tan wontên dharat satunggal ||

20. nyasupit banderanira | bêndhene sami nyatunggil | katri punggawamit nêmbah | têngara budhal anuli | Jêng Pangran Sukawati | ing wuri sigra anuduh | amêmanuki lampah | lampahe punggawa katri | Adipati Pugêr myang Ranadiningrat ||

21. lan Tumênggung Pusparana | kinintên budhalirèki | longkanga kalih onjotan | anyatus ingkang prajurit | amung Sang Adipati | Pugêr bêkta kalih atus | ingkang jampangi lampah | katri punggawa kang ngrampit | lampahira wus prapta ing Banyuanyar ||

22. kèndêl samya rakit gêlar | Jayadirja kang nêngahi | Mas Rôngga Wirasantika | binagi pangawat kering | ingkang têngên binagi | Suryanagara Tumênggung | kang badhe ngobong wisma | nyadasa tumênggung siji | tanpa tumbak bêdhil mung upêt kewala ||

23. kang tigang dasa punika | tan kêna milu ajurit | mung obong-obong kewala | upêt mancung dèn sumêdi | rêmbuge sampun dadi | wus samya budhal mangidul | kuda jojog adhehan | punggawane anèng ngarsi | sampun prapta sakilène Pringgalayan ||

24. Dipati Pugêr utusan | mêling katiga [kati...]

--- 78 ---

[...ga] bupati | lamun binujung ing mêngsah | kinèn mundur ngilèn sami | nèng Panasan dipati | dènnya kèndêl barisipun | wus dadi jangjinira | laju dènira lumaris | datan ana kang narka kalamun mêngsah ||

25. wontên mantri Natayudan | saking Jatimalang nagri | Dyan Tumênggung Natayuda | kang duta murugi swami | duta ingkang lumaris | binujung asru pinêstul | kang juru ngobong mangsah | kathah wisma dèn obongi | surak kukuk dahana saya angrêda ||

26. Tumênggung Suryanagara | kang ngidul wus nyabrang margi | gègèr obah sanagara | arungan samya angili | marang sajroning puri | mungsuh surak sarwi kukuk | sagung para santana | wus angumpul pôncaniti | pra bupati samêkta gêgaman yuda ||

27. Adipati Sindurêja | Galadhag dènira baris | lan Pangeran Pakuningrat | wong cilik kuwur awiwrin | Pakuningrat tan prapti | mêngsah kang malbèng prajagung | nênêm banderanira | punggawane dèn songsongi | kang anongsong samya nèng nginggil turôngga ||

28. mantri ing Pakuningratan | Tirtawijaya Ngabèi | sarowangira wong papat | wus ngrasuk kaprabon jurit | Pulangjiwa Ngabèi | Sutadirya kanthinipun | Radyan Suraprameya | Rôngga Baki atut wuri | samya mapag yuda binêrêg mangetan ||

29. prajurit ing Sukawatya | êbèr budi kaduk wani | nora ngetung nèng jro praja | anglawan kang para mantri | kang binêrêg ngoncati | lumêbèng ing alun-alun | kèndêl [kè...]

--- 79 ---

[...ndêl] lèr pakauman | dèn mariyêm saking loji | kaping tiga kêni turôngga satunggal ||

30. ing alun-alun wus aglar | gêgamane pra bupati | sami ngêntosi parentah | tan wruh lamun mungsuh kêdhik | lawan kinintên yêkti | jêng pangeran ingkang magut | nindhihi balanira | purune manjing nagari | datan nyana yèn amung katri punggawa ||

31. Mas Rôngga Wirasantika | Tumênggung Suryanagari | lan Tumênggung Jayadirja | datan wontên malih-malih | bêkta nyatus prajurit | dadya kuda tigang atus | wau Sang Adipatya | Sindurêja duk udani | sigra dhawuh mapag mêngsah ingkang prapta ||

32. putunira Sindurêja | kalawan ipenirèki | Tumênggung Puspanagara | pun Bangkok ingkang wêwangi | Suradirja palinggih | panèkêt wong martalulut | sami panas ing driya | Suraprameya lan malih | Radèn Sutadiwirya Pakuningratan ||

33. punika prasamya mêdal | pangirid kathah ing wuri | wadyanira pra santana | wus akathah kang turanggi | jaba jro ingkang wani | wontên kuda gangsal atus | mêdal praptèng Galadhag | kèndêl mariyêm ing loji | ya ta mêngsah kang wontên lèr pakauman ||

Lajêng nyandhak jilid 4.

--- [0] ---

Isinipun

... Kaca

21. Saking Jipang mangilèn, campuh kalihan wadyabala Kumpêni ing salèripun rêdi Kêndhêng, lajêng yasa kitha ing Jakawal ... 10

22. Wontên ing Jakawal Pangeran Mangkubumi mranata panganggenipun abdi, dipun lapuri bilih Dêmak karêbat ing wadyabala Kumpêni ... 25

23. Ing Jakawal mirêng badhe wontên kengkenan saking Samarang, ngajak badhami ... 30

24. Kengkenan saking Samarang dumugi ing Jakawal, saha wangsulanipun Pangeran Mangkubumi ... 39

25. Nyariyosakên kramanipun Pangeran Mangkunagara, kamantu ing Pangeran Mangkubumi, sarta kramanipun Gupêrnur ing Samarang, karawuhan Ingkang Sinuhun ing Surakarta ... 48

26. Ingkang Sinuhun kondur dhatêng Surakarta, kramanipun Pangeran Adipati Anom, sarta karampunganing Kumpêni niyat anêmêni Pangeran Mangkubumi ... 62

27. Bidhalipun prajurit saking kitha Surakarta badhe amikut Pangeran Mangkubumi ... 69

28. Prajuritipun Pangeran Mangkubumi angrampit kitha Surakarta ... 73