Sastra Jawa

Program Digitalisasi Sastra Daerah

  • Increase font size
  • Default font size
  • Decrease font size

Babad Giyanti, Balai Pustaka, 1937-39, #985 (Jilid 06)

Katalog:Babad Giyanti, Balai Pustaka, 1937-39, #985
Sambung:
1.Babad Giyanti, Balai Pustaka, 1937-39, #985 (Jilid 01). Kisah, Cerita dan Kronikal | Babad Giyanti #1061.
2.Babad Giyanti, Balai Pustaka, 1937-39, #985 (Jilid 02). Kisah, Cerita dan Kronikal | Babad Giyanti #1062.
3.Babad Giyanti, Balai Pustaka, 1937-39, #985 (Jilid 03) . Kisah, Cerita dan Kronikal | Babad Giyanti #1063.
4.Babad Giyanti, Balai Pustaka, 1937-39, #985 (Jilid 04). Kisah, Cerita dan Kronikal | Babad Giyanti #1064.
5.Babad Giyanti, Balai Pustaka, 1937-39, #985 (Jilid 05). Kisah, Cerita dan Kronikal | Babad Giyanti #1065.
6.Babad Giyanti, Balai Pustaka, 1937-39, #985 (Jilid 06) . Kisah, Cerita dan Kronikal | Babad Giyanti #1066.
7.Babad Giyanti, Balai Pustaka, 1937-39, #985 (Jilid 07). Kisah, Cerita dan Kronikal | Babad Giyanti #1067.
8.Babad Giyanti, Balai Pustaka, 1937-39, #985 (Jilid 08) . Kisah, Cerita dan Kronikal | Babad Giyanti #1068.
9.Babad Giyanti, Balai Pustaka, 1937-39, #985 (Jilid 09). Kisah, Cerita dan Kronikal | Babad Giyanti #1069.
10.Babad Giyanti, Balai Pustaka, 1937-39, #985 (Jilid 10). Kisah, Cerita dan Kronikal | Babad Giyanti #1070.
11.Babad Giyanti, Balai Pustaka, 1937-39, #985 (Jilid 11) . Kisah, Cerita dan Kronikal | Babad Giyanti #1071.
12.Babad Giyanti, Balai Pustaka, 1937-39, #985 (Jilid 12). Kisah, Cerita dan Kronikal | Babad Giyanti #1072.
13.Babad Giyanti, Balai Pustaka, 1937-39, #985 (Jilid 13) . Kisah, Cerita dan Kronikal | Babad Giyanti #1073.
14.Babad Giyanti, Balai Pustaka, 1937-39, #985 (Jilid 14) . Kisah, Cerita dan Kronikal | Babad Giyanti #1074.
15.Babad Giyanti, Balai Pustaka, 1937-39, #985 (Jilid 15) . Kisah, Cerita dan Kronikal | Babad Giyanti #1075.
16.Babad Giyanti, Balai Pustaka, 1937-39, #985 (Jilid 16). Kisah, Cerita dan Kronikal | Babad Giyanti #1076.
17.Babad Giyanti, Balai Pustaka, 1937-39, #985 (Jilid 17). Kisah, Cerita dan Kronikal | Babad Giyanti #1077.
18.Babad Giyanti, Balai Pustaka, 1937-39, #985 (Jilid 18). Kisah, Cerita dan Kronikal | Babad Giyanti #1078.
19.Babad Giyanti, Balai Pustaka, 1937-39, #985 (Jilid 19). Kisah, Cerita dan Kronikal | Babad Giyanti #1079.
20.Babad Giyanti, Balai Pustaka, 1937-39, #985 (Jilid 20). Kisah, Cerita dan Kronikal | Babad Giyanti #1080.
21.Babad Giyanti, Balai Pustaka, 1937-39, #985 (Jilid 21). Kisah, Cerita dan Kronikal | Babad Giyanti #1081.

Serie No. 1259e

Babad Giyanti

Anggitanipun Radèn Ngabèi Yasadipura I ing Surakarta.

Jilid 6.

Bale Pustaka - 1937 - Batawi Sèntrêm.

--- [2] ---

Wêwênangipun ingkang ngarang kaayoman miturut anggêr ingkang kapacak ing Sêtatsêblad 1912 No. 600.

--- [3] ---

Kumpêni nglurugi Ngayogya, Pangeran Mangkubumi têtulung, lajêng katungka dhatêngipun utusan Kumpêni saking Samarang.§ Miturut babon ingkang sumimpên ing Kon. Bat. Gen. v. K. en W.

52. Sinom

1. kunêng sajroning Ngayogya | kang ngrakit angantêb jurit | mêngsah Kumpêni wus prapta | nênggih wanci sirêp janmi | kilèn lèr dèn ênggoni | Sakèbêr lèr ênggènipun | sarêng surak nyanjata | dangu mungsuh tan malêsi | samya dhêdhêp sawusnya malês nyanjata ||

2. sarêng unining gamêlan | kodhokngorèk carabali | lawan surak giyak-giyak | Suryanagara Dipati | minggah panggung pribadi | lèr kilèn bala gumuruh | Dipati Jayaningrat | lèr wetan kang dèn inggahi | sinumêdan mriyême obat Walônda ||

3. dangu dènnya bêbêdhilan | mariyêm mawanti-wanti | sinungsun ing kalantaka | ngungun Kumpêni miyarsi | gumuruh nyênyumbari | wong Bugis samya bêkilu | baris Kumpêni ingkang | minariyêm saking nginggil | sarèhane kêni lan kudane sêmpal ||

4. sampun dangu wataranya | sagunge bala Kumpêni | dènira ngrangsang Ngayogya | prasamya bêdhil-binêdhil | malah wus bangun enjing | munya ingkang bêdhug têlu | bubar bala Walônda | mantuk ing Tarayêm malih | byar raina baris Ngayogya kinirab ||

--- 4 ---

5. anututi sampun têbah | ing Lengkong kandhêging baris | kèndêl anèng ing Kasuran | wau duta kang tinuding | Jayaningrat Dipati | Ngayogya kala kinêpung | mêdal rung-urung toya | prapta ing Kêdhungwaringin | tur uninga yèn mêngsah Kumpêni prapta ||

6. gitik ing Lengkong wus bêdhah | pun Surajênggala balik | Tumênggung Jayawinata | gènira amapag jurit | kacandhak ing Kumpêni | tiba saking kudanipun | nanging kacandhak gêsang | binêkta dhatêng Samawis | mêngsah laju angêpung kitha Ngayogya ||

7. Pangeran Mangkunagara | gugup dènira miyarsi | angutus Jayaprabôngsa | mantri jro mring Sukawati | lampah kalih prakawis | Pangran Pamot sedanipun | lan mêngsah anggêgêcak | Ngayogya kinêpung kikis | wau Pangran Dipati Mangkunagara ||

8. angkate sarêng utusan | kang dhatêng ing Sukawati | kêrig saprajuritira | ginêlak lampah ing margi | wus prapta ing Matawis | pangeran sawadyanipun | Pangeran Adipatya | Anom Amangkunagari | sigra mêthuk angujung maring kang raka ||

9. myang Dipati Jayaningrat | prasami suka ing galih | praptanira jêng pangeran | katur solahing ajurit | pangeran ngandikaris | hèh Janapura sirèku | iya sira sun dhêndha | dene mulih tilik bali | mêngko sira baris Lengkong balènana ||

10. nora sun kanthèni sira | bala saka ing Matawis | mung para mantri kang samya | baris Pakasuran mangkin | kêrigên [kê...]

--- 5 ---

[...rigên] ja na kari | sira padha jakên maju | Tumênggung Janapura | sandikatur sêmbah amit | sigra budhal mêsat saprajuritira ||

11. praptèng Lengkong baris pacak | wus mantuk kadya ing nguni | Pangeran Mangkunagara | lan Jayaningrat ngraosi | kang tiwas ing ajurit | Jayawinata Tumênggung | paman kadi kawula | kelangan kadang satunggil | puluh-puluh sami mupus karsaning Hyang ||

12. sawusnya antara dina | mantri pangarsatur uning | yèn wontên dêdamêl prapta | kawarti dêdamêl ngiring | Pangeran Adipati | Sukawati ingkang rawuh | wahana kuda dhomas | angirid pangarêp jurit | lêlancaran Mas Rôngga Wirasantika ||

13. kagyat wau jêng pangeran | miwah sira Dyan Dipati | Jayaningrat asiyaga | Pangeran Mangkunagari | budhal sawadyanèki | lêbêt kang binêkta mêthuk | wus panggih anèng marga | têdhak saking ing turanggi | Pangran Mangkunagara angèstupada ||

14. anulya nitih turôngga | dinangu saurut margi | tan antara praptanira | wong Mataram samya baris | urung-urung ing margi | prapta drèl bêdhil abarung | mariyêm kalantaka | wus têdhak saking turanggi | jêng pangeran lajêng manjing pasanggrahan ||

15. pinarak anèng pandhapa | Jayaningrat angabêkti | lan kang putra Jêng Pangeran | Dipati Anom Matawis | Pangeran Sukawati | alon pangandikanipun | ki besan wus mupusa | ajal karsaning Hyang Widi | nora kêna ginawe padha manungsa ||

16. Adipati Jayaningrat |

--- 6 ---

anuwun waspanya mijil | pangeran alon ngandika | ki besan watara mami | anakmu Si Walidin | kaya nora têkèng lampus | malah sinungga-sungga | iku adating Kumpêni | pan kinarya ular-ularing prakara ||

17. mangkana wong ing Ngayogya | angrakit pakuwon sami | sêdyanipun Dyan Dipatya | Jayaningrat angaturi | lami anèng Matawis | jêng gusti sinuhun-suhun | marma nata sanggrahan | Pangeran Mangkunagari | anyêlaki pasanggrahan ing Bênggala ||

18. nulya Pangran Singasêkar | kang wontên Sêmbuyan wukir | tundhuk angaturkên sêrat | sumuyud arsa ngabêkti | ing raka kangjêng gusti | surat sinungan wêwangsul | kalawan kang timbalan | tigang dhomas tanah wukir | pinaringkên nanging wisma nèng Mataram ||

19. kêrigan sagarwa putra | rêreyongan urut margi | gangsal atus kêkapalan | gangsal atus kang lumaris | praptane ing Matawis | Kudanawarsa kang mêthuk | wus panggih jaban kutha | ingirid laju umanjing | pakuwone Dipati Mangkunagara ||

20. pinanggih anèng pandhapa | Pangeran Mangkunagari | angujung dhatêng kang paman | Pangran Arya Singasari | ingaturan tumuli | asowan ing kadang sêpuh | kèrid marang kang putra | wus prapta lajêng ngabêkti | ingkang raka angungun sarwi karuna ||

21. pan tansah anênggak waspa | wus dangu ngandika aris | wus yayi aja dinawa | pan wus titahing Hyang Widi | balik ta sira yayi | pira prajuritirèku | kang rayi matur nêmbah |

--- 7 ---

kirang kêdhik langkung kêdhik | inggih gangsal atus nanging dèrèng tata ||

22. Pangeran Mangkunagara | alon dènira nambungi | kadi langkung sapunika | rayi dalêm ingkang abdi | kula wau udani | kala paman rawuhipun | kados manggiha eca | tiyang kidul wukir mangkin | rayi dalêm sabab boten nama sultan ||

23. kalamun namaa sultan | awrat sinanggi ing alit | kadi ta jênate paman | Sultan Dhandhun Martèngsari | wong cilik kêmpis-kêmpis | tigang dhomas madêg ratu | inggih boten kasôngga | têlung dhomas dèn ratoni | samya dêngkèng gigire tiyang Sêmbuyan ||

24. gumêr sagung pra bupatya | kang munggèng ngarsa sumiwi | wau pangandikanira | Jêng Pangeran Sukawati | sira pondhokkên ngendi | iya pamanira iku | Pangran Mangkunagara | umatur saha wotsari | ing Bênggala manggèn sawetan kawula ||

25. nulya sami abubaran | Pangran Arya Singasari | makuwon wetan Bênggala | wus samya apacak baris | eca tyase wong cilik | kunêng malih kang winuwus | Tumênggung Wiranata | samana atur udani | tampi sêrat saking nagri Surakarta ||

26. sêrat katur ing Pangeran | Mangkunagara nupèksi | lajêng katur ingkang rama | kang sêrat langkung awingit | Pangran Dijaya mangkin | mring kang rayi minta mêthuk | amanggih kasusahan | Jêng Pangeran Sukawati | aparentah wau marang ingkang putra ||

27. kinèn amêthuka nulya | nuduha punggawa siji |

--- 8 ---

mring Pangran Adiwijaya | pangeran tur sêmbah mijil | wau ingkang tinuding | Dyan Wiranata Tumênggung | nulya Dyan Wiranata | anuduh mantri kêkalih | pan ambêkta kuda tundhan kawan wêlas ||

28. lawan sikêp kawan dasa | miwah mantri kang jagani | dalu ing pukul sadasa | ingkang mêthuk samya prapti | lan pangran wus apanggih | langkung sukanirèng kalbu | dandan sagarwa putra | miwah kang abdi gêng alit | jalu èstri wus lolos saking nagara ||

29. Ki Tumênggung Wiranata | ing WaruWarung. dènira nganti | wus panggih lajêng lampahnya | asrêp tyase kang lumaris | byar rina kèndêlnèki | wontên dhusun ing Kalêpu | wuwusên ing nagara | wus katur marang sang aji | ing lolose Pangeran Adiwijaya ||

30. angungun sri naranata | Pringgalaya Adipati | marang oprup wus pratela | prasamya kinèn anitik | salasahe mring ngêndi | punapa ngumpul Matarum | manawi nêdya bawa | piyambak dhatêng ing pundi | sinalasah mangidul maring Mataram ||

31. wau ta ingkang lêlampah | pangeran sagarwa siwi | lan Tumênggung Wiranata | wus prapta nagri Matawis | pinêthuk ing bupati | Jayanagara Tumênggung | sapraptane Ngayogya | Pangeran Mangkunagari | ingkang ngirid manjing marang pasanggrahan ||

32. duk sewaka pasanggrahan | Jêng Pangeran Sukawati | kagyat kang abdi tur priksa | lamun ingkang raka prapti | gupuh dènnya nêdhaki | nèng paregolan amêthuk |

--- 9 ---

tundhuk lawan kang raka | kang rayi arsa ngabêkti | dyan cinandhak mring kang raka sêsalaman ||

33. anulya kêkanthèn asta | praptèng pandhapa alinggih | kathah karasèng jroning tyas | wau wong agung kêkalih | Pangran Mangkunagari | lan kang rayi sarêng maju | Pangran Mangkudiningrat | mring kang paman angabêkti | nulya Pangran Dipati Anom Mataram ||

34. wus dangu alêlênggahan | Jêng Pangeran Sukawati | ngandika marang kang putra | hèh kulup Mangkunagari | aturana tumuli | amakuwon pamanamu | nunggal kalawan sira | aturana kang prayogi | sarêng bubar lan sagung kang pra bupatya ||

35. prasamya ngatêr sadaya | mring Mangkunagaran sami | sawusnya tata alênggah | prapta Pangran Singasari | mring kang raka ngabêkti | rinangkul sarwi amuwus | bêgja panggih yayi mas | nora nyana awak mami | lamun milu lumêbu ing raka para ||

36. nêngna nagari Mataram | gantya Surakarta nagri | ingkang rayi malih kesah | Pangeran Rôngga ing wêngi | jujug ênggèning baris | Dyan Wiranata Tumênggung | Tumênggung Wiranata | ngatêr maring ing Matawis | enjingira Adipati Pringgalaya ||

37. tur uning jêng sang pamasa | lolosipun ingkang rayi | ngungun kangjêng sri narendra | dhawuh mring anindya mantri | pratela maring loji | Pringgalaya sigra laju | panggih oprup wêwarta | Totlomondo angling aris | kadiparan puniki radèn dipatya ||

38. dene santana kèh mêdal | manawi tan dèn paringi |

--- 10 ---

yatra pasisir punika | saurira dyan dipati | sayêkti dèn paringi | nanging inggih botên cukup | saking abdine kathah | sabine tan wontên prapti | dene sami kalingan mêngsah sadaya ||

39. oprup malih atêtanya | purugipun dhatêng pundi | punapa nusul kang raka | kang lolos enggal puniki | inggih dhatêng Matawis | sami tumut kadangipun | ingkang ambêk santosa | Pangran Arya Mangkubumi | sajatine padha kapengin prakosa ||

40. Adipati Pringgalaya | nauri puniku pasthi | mangke wontên Sidakarsa | pangajêngipun kang baris | pangeran wus tinampi | linajêngkên mring Matarum | orêg wông sanagara | kesahe pangeran kalih | katigane Pangeran Arya Panular ||

41. ribêng tyas jêng sri narendra | kesahe tiga kang rayi | ngraos tiwase kêkadang | nora bisa anyampêdi | kunêng malih winarni | ingkang wontên ing Matarum | Pangran Adiwijaya | sinungan bawah lêlinggih | patang èwu urut ing Gondhang Têmbêlang ||

42. ing Sêmangkak urut Pokak | mangalèr Kopat ing Ngupit | kang rayi parentahira | Jêng Pangeran Sukawati | kang raka dèn aturi | karya pêpatih tumênggung | sutanira punggawa | lumarap kinarya patih | sinung nama Radyan Tumênggung Urawan ||

43. kinèn têngga bawahira | urut Manjung urut Gadhing | Radyan Tumênggung Urawan | ing Manjung apacak baris | kadhang pangran pribadi | asring nêdhaki mring Manjung | wus kathah abdinira | winatawis [winatawi...]

--- 11 ---

[...s] kang prajurit | kawan atus ingkang wahana turôngga ||

44. nêmatus balane dharat | kang têngga anèng nagari | abdinipun pitung dasa | mangkana wau winarni | Jêng Pangran Sukawati | lagya siniwèng wadyagung | para putra santana | kadang kadeyan nèng ngarsi | gya praptane Dyan Tumênggung Wiranata ||

45. laju maring pasewakan | ngirid santana satunggil | kang nama Pangeran Rôngga | Mangkunagara nêdhaki | lajêng nulya dèn irid | praptane ing ngarsa gupuh | nungkêmi ngaras pada | mring Jêng Pangran Sukawati | nulya lajêng ing Pangran Adiwijaya ||

46. suyud kang para santana | ing Pangeran Sukawati | pasthi kukuhing Mataram | karsanira kangjêng gusti | Pangran Rôngga ingêlih | sampun sinungan jêjuluk | Pangeran Purubaya | ing bawahe duk pinikir | ing Pagêlèn badhene kang jinangkahan ||

47. mangkana sami bubaran | pangeran kang lagya prapti | sinungan sangu kewala | kalih èwu Kilènpragi | pêpalihanirèki | Suryakusuma ing dangu | benjang pangran kalihnya | samya Pagêlèn pinanci | pan ing mangke sawontênipun panduman ||

48. wau Pangeran Purbaya | eca ing galih miranti | anata santana wadya | amilih wong Kilènpragi | pan kinarya prajurit | kang wahana kuda satus | kalih atus kang dharat | wus têtêp ingkang umiring | mantrinipun kang agêng sawêg sakawan ||

49. samya pinaringan reyal | ing Jêng Pangran Sukawati | gangsal atus pra

--- 12 ---

santana | dadya agêng ingkang galih | suka kasukan sami | ngabên kêmiri myang sawung | sabên ari tan pêgat | samya angulah prajurit | pan kasaru duka Gupêrnur Samarang ||

50. nama Radèn Jayèngrana | dene ingkang dadya kanthi | Ngabèi Naladirana | prapta ing Ngayogya nagri | Pangeran Adipati | Mangkunagara jinujug | ingaturakên sigra | duta kang saking Samawis | Jêng Pangeran Adipati Sukawatya ||

51. dèrèng karsa manggihana | ngêntosi Pugêr Dipati | ingkang lagya tinimbalan | antawis rong dina prapti | saking gènira baris | Wanatara kilènipun | sawusnya Sang Dipatya | Pugêr prapta ing Matawis | angundhangi santana wadya sumewa ||

52. anuju ing ari Soma | Jêng Pangeran Adipati | Sukawati duk sineba | santana bupati mantri | andhèr aglar apipit | busanane adiluhung | caraka ing Samarang | tinimbalan sampun kèrid | praptèng ngarsa anyaosakên nawala ||

53. alon dènira ngandika | Jêng Pangeran Sukawati | hèh ta sira Jayèngrana | apa ta padha basuki | maksih katon wakmami | duk nèng Surakarta kumpul | sira anèng Samarang | lamun tan kolihan budi | marenea angumpul padha lêlaran ||

54. matur Radèn Jayèngrana | srikutan waspa drês mijil | adhuh gusti kabatinan | paduka kang amba pundhi | mugi paduka gusti | antuk pitulung Hyang Agung | lulus angaubana | ing dasih ingkang kaswasih | mung paduka satriyadi gambuhing prang ||

--- 13 ---

40. Pangeran Mangkubumi jumênêng nata wontên ing Ngayogyakarta, Sinuhun Pakubuwana II sèlèh kaprabon dhatêng putra, Pangeran Dipati Anom.

53. Gambuh

1. punang kintaka katur | wusnya binuka ing wuryanipun | sêrat ingkang winantu puja basuki | saking mitranta satuhu | Tuwan Baron Hogêndhôrôp ||

2. kang jumênêng gupêrnur | anèng nagri Samarang pilungguh | pinasrahan dhêdhak mêrang amis bacin | ngasta bang-bang alum-alum | pasisir Jawa bang êlor ||

3. angrèh wadyabalagung | ing dharatan myang kang anèng laut | waranane Kangjêng Kumpêni ing Indi | kang agung bôndha abandhu | luhur prakoswèng palugon ||

4. kaatura wong agung | kang sinuja wong Jawa sawêgung | musthikaning rajaputra ing Matawis | kang kaonang-onang kasub | prawira widagdèng kewoh ||

5. ingkang sinuhun-suhun | ing wadyagung asêsilih juluk | Jêng Pangeran Adipati Sukawati | senapatining prang pupuh | pramuka jayèngrat kaot ||

6. dhuh sumitra yèn tuhu | darahira Kangjêng Sang Aprabu | Pakubana kang jumênêng ing Samawis | mitrane Kumpêni tuhu | Kumpêni tan nêdya awon ||

7. amung mrih arjanipun | anrus ing kalbu bêbalung sungsum | trah-tumêrah tan nêdya gingsir sadêmi |

--- 14 ---

yèn mitra tan sotah tuhu | saking pitulung tan yêktos ||

8. punapa arsa mêtu | saking darah dalêm sang aprabu | lamun mêdal saking darahing Matawis | nadyan wuwuh sèkêt èwu | wadyabalane kang mungsoh ||

9. ana kang bisa mabur | wong kumpêni datan nêdya mundur | nora susah kinêmbulan ing ajurit | yèn mitra tan arsa anut | ing pangeran kang sayêktos ||

10. ugêr dèn samya tangguh | aja ana mrih dursilèng laku | dene mitra putraning narendra yêkti | nurut lakuning wong gêcul | nganggo watak ora ilok ||

11. iya yèn wus katrucut | môngsa kêna asêsambat besuk | sampun titi tamat panukmaning tulis | duta dhinawahan mundur | aso maring ing pakuwon ||

12. ing wuri sami rêmbug | para santana para tumênggung | Pangran Adiwijaya binobot dhingin | Purubaya kalihipun | kanthine samya miraos ||

13. Pangeran Singasantun | Pangran Mangkudiningrat angumpul | Pangran Mangkukusuma Pangran Suryadi | ingkang milu urun rêmbug | Mangkunagara tan amor ||

14. lan santana sadarum | nanging dadya pramugarinipun | anindhihi sagunge para bupati | Pangran Diwijaya wau | andhingini ing wiraos ||

15. hèh kabèh ariningsun | Ki Purubaya Ki Singasantun | ya Ki Mangkukusuma kakang Suryadi | ing mêngko paran kang rêmbug | aja na simpên dèn êtog ||

16. apa ta kakangamu |

--- 15 ---

bêcik nuli umadêga ratu | walêr sangkêr wong tuwa kang anadhahi | dimène wimbuh misuwur | aja tanggung kang linakon ||

17. gone ingaran mêtu | iya saking ing wilanganipun | sri narendra kang jumênêng ing Samawis | Kumpêni kang wiwit rusuh | karaton Jawa dèn êlong ||

18. pasisir pêthalipun | iku Kumpêni bangêt kaliru | iya têka raka para dèn êbruki | nêpsu dudu bênêripun | ing ujar pangolok-olok ||

19. padhaa kadangipun | ujar puniku arang kang wêruh | ingkang wêruh amung paman Adipati | Natasuma kanthinipun | kalawan pêpatih roro ||

20. Sindurja kalihipun | Pringgalaya liyane tan wêruh | nadyan kadang jêr nora sinung udani | tibane niayanipun | kala dadining palugon ||

21. yèn manira mung iku | para santana gilig kang rêmbug | ingkang pinrih amung adêging narpati | dhawahing wilalatipun | kang para santana golong ||

22. alon dènira muwus | Jêng Pangeran Diwijaya wau | mring kang putra Pangeran Mangkunagari | paran ki lurah sirèku | wong tuwamu kabèh golong ||

23. pangeran nolih pungkur | paman Pugêr paran ingkang rêmbug | miwah paman Dipati Suryanagari | Jayaningrat malihipun | Suranata môngsa borong ||

24. miwah para tumênggung | sadaya padha uruna atur | rama Adiwijaya karsane mangkin | mupakat sakadangipun | padha ngadêgakên katong ||

25. Dipati Pugêr matur |

--- 16 ---

yèn sampun bênêr pikir puniku | jinurungkên ing akèh sayêkti bêcik | kêlandhungên mênèk gabug | utama kang cêkak aos ||

26. lah paran cacadipun | ing mangke mungguh madêga ratu | pra pangeran santana wus kumpul sami | sampun asugih tumênggung | tur tumênggung padha bobot ||

27. dipatine wus agung | sêmbada lawan sabalanipun | nora kadi Sultan Dhandhun Martèngsari | bature lagya rongatus | angêmping jumênêng katong ||

28. sagone dèn bêburu | ngandêlakên biyung Nyi Ra Kidul | nadyan silih ibu Dèwi Kuraisin | yèn tingkahe nora pêcus | ing ayuda nora jegos ||

29. môngsa na gêlêm gugu | ratu wêdi prang tan duwe batur | suka gumyak gumujêng kang pra bupati | Mangkunagara gumuyu | ngakak sarwi matur alon ||

30. mring rama dhuh pukulun | paran sadaya punika sampun | anut rêmbag ing raka paduka sami | tan wonten salayèng kalbu | gulung-gumêlêng agolong ||

31. paduka madêg ratu | santana putra para tumênggung | samya gilig ing rêmbag sampun mantêsi | jeng pangeran ngandikarum | sun bangêt sukur Hyang Manon ||

32. kakang mas karsanipun | miwah si adhi sadayanipun | sun tarima prasêtyane mara mami | nanging ta tyas ingsun kulup | sumarah karsèng Hyang Manon ||

33. ya pirabara besuk | yèn ing mêngko durung darbe kayun | lamun misih jênênge Jêng Sri Bupati | Surakarta kakang prabu | tan [ta...]

--- 17 ---

[...n] pisan cipta mangkono ||

34. balik ta layang iku | kayapriye angsul-angsul ingsun | pan sadaya aturipun kang tinari | sumôngga karsa pukulun | jêng pangeran ngandikalon ||

35. iya pikirên kulup | Mangkunagara lan sakancamu | iya padha gawea rèngrèng pribadi | sun pundhut êndi kang patut | sayêktine kang sun anggo ||

36. ana têngahanipun | ana kang dhadha miwah ing gulu | ana dadi rong kêcap tinampèn ugi | ana tigang kêcapipun | ana dhuwur ana ngisor ||

37. kang ngisor pisan iku | dadi wêkasan pan rèngrèngipun | kangjêng gusti pangran dipati pribadi | gya Sindusastra Tumênggung | kinèn karya srat wus dados ||

38. wuryaning srat sul-angsul | pèngêt iki iya layang ingsun | Jêng Pangeran Adipati Sukawati | senapatining prang pupuh | pramuka jayèng palugon ||

39. kanthi puja mawantu | maring Tuwan Hondhorêp Gupêrnur | waranane sagung radpêni ing Indi | kang angrèh wadyabalagung | anèng Samarang pilunggoh ||

40. wiyose twan gupêrnur | luwih karêpe gonira muwus | angarani iya karêpmu pribadi | nanging sun tan nêdya mêtu | ing wêwilanganing tabon ||

41. trah Pakubanan ingsun | tan karya cacad sariraningsun | lawan ora amrih cidra ing Kumpêni | malah dèn cidrani ingsun | marang sira Hogêndhorop ||

42. kèh-akèh ujar ingsun | pan sakèhe

--- 18 ---

ya panggaweningsun | saka sira Hondhorêp kang mratikêli | sun dhingin darma lumaku | barang rèh saka Hondhorop ||

43. sun ora duwe catur | mapan kawakan marang gupêrnur | titi tamat èsthining tyas kamot tulis | tinimbalan dutanipun | prapta pinaring pasangon ||

44. pinaring srat wêwangsul | caraka pamit saha wotsantun | Jayèngrana mêsat saking ing Matawis | lêlancaran lampahipun | ing marga tan winiraos ||

45. Samarang praptanipun | kang surat katur marang gupêrnur | wus tinampèn juru basa anupèksi | saartine sêrat katur | marang Gupêrnur Hondhorop ||

46. kêju tyas dhêlêg jêtung | kaku tyasira lajêng rawat luh | animbali bupati Kêndhal piniji | Singawijaya Tumênggung | prapta ngarsane Hondhorop ||

47. alon dènira muwus | sun jaluk tumbak kyai tumênggung | wolu bae irêng godhi mas gêrandim | sopakên salaka iku | tumbak padha sapit abon ||

48. Tumênggung Kêndhal sampun | ngaturi tumbak marang gupêrnur | pra bupati pasisir dipun pundhuti | jangkêp tumbak patang puluh | bingung tyasira Hondhorop ||

49. magange pitung puluh | cinara Jawa panganggènipun | sabên dina ingulig pratingkah jurit | gupêrnur kaku tyasipun | kadya ge apêrang popor ||

50. sadaya pra tumênggung | dhinawuhan ywa ana katungkul | pra bupati ingkang nagarane cilik | duwea pêpati satus | ingkang [ing...]

--- 19 ---

[...kang] gêdhe têlung mono ||

51. kunêng ta kang winuwus | nagri Mataram ingkang mêmangun | ngêlar-êlar jajahan môncanagari | ing pasisir kang dèn ikut | Dipati Pugêr kang kinon ||

52. Pangran Purbaya wau | nagri Pagêlèn kang kinon mukul | Pangran Suryadikusuma kang kinanthi | Mangkusuma rowangipun | bupati dhandhang prang pupoh ||

54. Dhandhanggula

1. ing Mataram bupati kêkalih | Janapura lan Jayanagara | wontên sèwu prajurite | pangran katiganipun | wontên kalih èwu prajurit | wus nabrang Bagawônta | wong desa kèh nungkul | bawah Pagêlèn sadaya | kang kamargan lampahe sagunging baris | wau para pangeran ||

2. kinèn karya pêpatih bupati | sawarnine kang para santana | wus pinarentahan kabèh | sami patih tumênggung | kang wus sugih wadya prajurit | Pangran Purbaya karya | pêpatih tumênggung | anama Tirtanagara | Pangran Mangkukusuma ingkang pêpatih | Tumênggung Mangkudirja ||

3. pêpatihe Pangeran Suryadi | nama Tumênggung Manggalagita | wus sami kathah balane | Pagêlèn pinartêlu | kang sapalih pangeran siji | Pangeran Purubaya | kang sapalihipun | pinalih kalih pangeran | Pangran Mangkukusuma Pangran Suryadi | mangkana dènnya minta ||

4. dene mêngsah Kêdhu kang jagèni | Radyan Dipati Suryanagara | mantri Mataram tindhihe | Môndaraka Tumênggung | Wiradigda kang dadya kanthi | Dipati Jayaningrat | sawadya Matarum |

--- 20 ---

duk punika cinarita | wuwuh-wuwuh wadyabalane Jêng Gusti | Sukawati wus lêksan ||

5. nanging dèrèng jumênêng narpati | rakit-rakite sampun tinata | kadya ratu prabawane | wong Surakarta kèlu | kathah kesah dhatêng Matawis | wadyanya sri narendra | miwah wong kang nganggur | para mantri wus akathah | ingkang kesah suwita anèng Matawis | kathah minggah punggawa ||

6. cinarita kangjêng sri bupati | ribênging tyas ginagas amaras | tinilar para kadange | kang rayi wus misuwur | jêng pangeran ing Sukawati | balane wus alêksan | tanah Jawa suyud | pasisir môncanagara | kèh suwita para kadange bupati | kathah anèng Mataram ||

7. dadya gêrah kangjêng sri bupati | sasi Sawal lèk kaping sadasa | wau tibane gêrahe | langkung ing santêripun | grah sarira tan dhahar guling | supe purwa duksina | kangjêng sang aprabu | wêwah tan sagêd bobotan | malah kongsi dumugi ing kalih sasi | pan dèrèng karsa dhahar ||

8. Adipati Pringgalaya pikir | lawan oprup nimbali Sindurja | kang anèng Trayêm barise | kalawan patihipun | Pringgalaya ingkang tinuding | bêkta srat mring Samarang | mêsat kang tinuduh | Ngabèi Pringgawicitra | tan kawarna ing margi praptèng Samawis | wus katur suratira ||

9. wus tinampan surating dipati | mring gupêrnur prêlu sung tupiksa | yèn gêrah dalêm sangête | gupêrnur tanya gugup | iya pira prapta ing mangkin | lawase sri narendra |

--- 21 ---

tan bobotan mau | nauri Pringgawicitra | inggih tuwan sampun tiga têngah sasi | kagyat gupêrnur lingnya ||

10. iku mungguh lamun wong Kumpêni | nora bêbuwang sapuluh dina | pasthi yèn bosok wêtênge | nuli kabanjur lampus | wus muliha sun liya ari | lagi amundhut ingwang | Sampang limang atus | sun arsa gitik Mataram | sisan gawe Pringgawicitra nulyamit | gupêrnur gya utusan ||

11. pan kasaru caraka kang prapti | saking Batawi nimbali marang | tuwan gupêrnur ge-age | prapta Batawi sampun | sarêng Amral Tênangkus nguni | jendral kalangkung duka | dorane kang atur | de Pangran Mangkunagara | maksih urip malah ambêdhah Matawis | Mayor Por lawaning prang ||

12. dhihin angaturkên sirah kalih | apratela mustakèng Pangeran | Mangkunagri myang arine | Pamot aprang kapupu | jendral mangke arsa mundhuti | gupêrnur kang pangwasa | pangrèhe wadyagung | myang sagunge parentahan | jinabutan ature para radpêni | sayêkti pinariksa ||

13. sampun prapta ngarsane radpêni | sami andhawuhakên dêduka | dene dora ing ature | sirah kêkalihipun | mangke ingkang winastan mati | maksih urip sadaya | kumpul nèng Matarum | Mayor Por lawane aprang | dadi sira Hondhorêp kêna bilai | gupernur aturira ||

14. kula nguni inggih anglampahi | ingkang parentah jêng tuwan jendral |

--- 22 ---

mukul mêngsah nyirnakake | Mangkunagara wau | sakadange kula lurugi | lan kula tinindhihan | pun Mayor Tênangkus | ambêbujung saênggènnya | duk kacandhak Papringan rame ajurit | mungsuh rowang kèh pêjah ||

15. wontên kalih kang pejah apêkik | loking kathah kang pêjah pangeran | wong Jawa sami ature | mila mustakanipun | amba tigas katur mariki | ing mangke yèn dedea | sumôngga pukulun | amba datan manakawan | dèrèng uning mring Pangran Mangkunagari | miwah dèrèng kêkancan ||

16. pae Pangran Arya Mangkubumi | lami kêkancan lawan kawula | môngsa panglinga warnane | mêngsah sawadyanipun | apan sami risaking jurit | aprang lawan kawula | suh sirna sadarum | upami sampun wontêna | pangungsène mring Pangeran Mangkubumi | môngsa dadak thukula ||

17. sagêdipun madêg baris malih | Mangkubumi ingkang ingayoman | mangke mungsuh sakathahe | wus manjing balanipun | Jêng Pangeran Amangkubumi | kang tan purun kabala | Buminata mantuk | kabala mring Surakarta | kabèh samya kawêngku ing Mangkubumi | bapa babuning mêngsah ||

18. rêrêp sirêp sagung rad Kumpêni | sami matur ing gurnadur jendral | sampun pinanjang raose | cinupêta rumuhun | ngrêregoni pikir ing mangkin | Mangkubumi angrêbda | kang raka Sang Prabu | Raja Surakarta gêrah | twan gupêrnur ingapura dèn dhawuhi | maring gurnadur jendral ||

19. ingkang dadya karsaning Kumpêni |

--- 23 ---

winuwuhan pangawasanira | sinrah kabèh rêruwêde | bumi Pajang Matarum | yèn kalajêng surud sang aji | ywa nganggo wancak driya | kang pantês jinunjung | jumênênga naradipa | amung Kangjêng Gusti Pangeran Dipati | Anom Mangkunagara ||

20. têlas dhawuh gupnur mangkat aglis | tigang dina praptane Samarang | nuju antuk angin gêdhe | lajêng samapta sampun | kang prajurit Madura prapti | Dyan Carang Môndhalika | pangiriding laku | lan Brajapati sosoran | limang atus prajurit kang dèn tindhihi | binêktèng Surakarta ||

21. wus budhalan saking ing Samawis | langkung kathah bêktaning gêgaman | Kumpêni Bali Bugise | pra bupati tut pungkur | kunêng ingkang lagya lumaris | wuwusên ing Mataram | ngumpulkên wadyagung | para santana kang kesah | kang angêlar jajahan wus dèn timbali | miwah kang pra bupatya ||

22. Adipati Pugêr prapta malih | lawan Adipati Surakarta | lan Bupati Balorane | ing Jagaraga Warung | miwah Jipang ingkang sapalih | Dêmak sapalih prapta | Pathi Cêngkalsèwu | pakumpulan pagunêman | ing gêrahe kang raka jêng sri bupati | têlik tugur sadaya ||

23. ingkang wontên Pagêlèn wus prapti | tanah Pajang santana punggawa | sami prapta sadayane | têlik sadaya wau | ing sadina rong dina prapti | sami ngaturkên warta | matur inggih lamun | gêrah dalêm sri narendra | sampun lami santêr datan arsa bukti | andinagung kantaka ||

--- 24 ---

24. tuwan gupnur winuwus mèh prapti | wus utusan marang Surakarta | yèn dina Rêbo praptane | dene kang arsa mêthuk | kangjêng gusti pangran dipati | Dyan Ayu Pringgalaya | dadya kanthinipun | sampun angundhangi bala | duk puniku wong Surakarta kèh malih | prapta samayan dina ||

25. kanjêng gusti budhal wanci enjing | miwah Radèn Ayu Pringgalaya | gumuruh wadyabalane | bupati ingkang mêthuk | Pakuningrat jêro kêkalih | kalih bupati jaba | numbakanyar sèwu | praptanira nèng Kaleca | twan gupêrnur pêpanggihan lan Jêng Gusti | Anom Mangkunagara ||

26. miwah radèn ayu adipati | têtabean tan dangu gya budhal | nunggil rata katigane | tansah nglirik gupêrnur | marang kangjêng pangran dipati | gêrahe ingkang soca | katon sênggangipun | dangu-dangu atêtanya | gêrah tuwan punapa tan kraos malih | nauri jêng pangeran ||

27. botên wontên kang karaos malih | gupnur langkung sukane kang manah | prapta ing loji lampahe | angaso enjingipun | badhe laju sowan mring puri | jêng gusti ingaturan | kondura rumuhun | sumados enjing lêbêtnya | dene wau gêrah dalem sang siniwi | panggêng santêr kewala ||

28. kangjêng gusti gya kondur mring puri | sang anindya mantri karo samya | tugur anèng pura bae | samana samya mêtu | amanggihi Gupnur Samawis | sawusnya jawat asta | lajêng tata lungguh |

--- 25 ---

gupnur tanya gêrah nata | amangsuli wau dipati kêkalih | taksih panggêng kewala ||

29. langkung ngungun Gupêrnur Samawis | dangu-dangu gupêrnur têtanya | mring Dipati Sindurjane | sintên sudara tuduh | anindhihi sagung kang baris | ingkang sudara tilar | Sindurja sumaur | bupati kang kula patah | Dyan Tumênggung Kartanagara akanthi | Tumênggung Mangkupraja ||

30. gupnur manthuk inggih wus prayogi | Kartanagara lan Mangkupraja | yêkti pantês ing gawene | wusnya dalu gupêrnur | patih kinèn wangsul mring puri | sinigêg Surakarta | gantya kang winuwus | yêktine sarêng kang lampah | nanging ingkang carita kinarya gênti | nagari ing Mataram ||

31. têlikipun ingkang sami prapti | samya angsal pawarti waspada | lamun kang raka gêrahe | inggih kangjêng sang prabu | saya wêwah sangêt ing mangkin | sarira langkung risak | tangèh lamun lulus | gunêm sagunging santana | pra bupati sadina-dina agilir | anèng Mangkunagaran ||

32. sami rêmbag amêksa ngaturi | mring kang rama jumênênga nata | wus gilig kabèh rêmbuge | santana pra tumênggung | Pangran Mangkunagara ngirid | praptanirèng ngajêngan | sarêng aturipun | Pangeran Adiwijaya | Pangran Purubaya Pangran Singasari | Pangran Mangkukusuma ||

33. lawan sagung kang para bupati | jêng pangeran pinaksa ing kathah | manthuk alon timbalane | pêpaka sesuk-esuk | iya padha matêngkên pikir | mengko payo bubaran | sarêng awotsantun |

--- 26 ---

jêng pangeran sapraptanya | ing dalême kang bibi dipun aturi | bibi wau kawula ||

34. dipun pêksa sami dèn aturi | madêg nata mring para santana | miwah pra bupati babèhkabèh. | nauri ingkang ibu | dhuh pangeran kadosa pundi | pakone para kadang | tuwin punggawagung | lamun bandara nampika | nampik wahyu dadya durakèng Hyang Widi | karya masguling kathah ||

35. raka paduka kang wontên ngriki | Kangjêng Pangeran Adiwijaya | gêntine bapa yêktine | sakarsane tinurut | pangran nabda makatên bibi | kang bibi wuwusira | gih-gih sampun-sampun | ila-ilaning wong kuna | anut maring kadang tuwa ambrêkati | awit gêntining bapa ||

36. Kangjêng Gusti Pangran Sukawati | dadya èmêng tansah rinarasa | sadalu muput tan sare | anèng panêpèn nêkung | ngêningkên tyas angèsthi Widi | anêgês karsaning Hyang | Kang Murwèng Pandulu | wontên ambêk kang linakyan | sarengate narpati kataman ing sih | abiprayaning driya ||

37. wontên astha kapastha dèn èsthi | trustha muka kaèsthi ing ôngga | gumiri-giri gora rèh | gora-godha gumuruh | girayasên sihing dumadi | dadya dede dinalan | katula kalantur | punika kang pinaryitnan | bêbukane bêbèka ngalang-alangi | langêning karaharjan ||

38. ngraos wontên ingkang dipun èsthi | yèn kalakon jumênêng narendra | janji marang pêpatihe | miwah punggawanipun | byar

--- 27 ---

raina pangeran mijil | pinarak ing pandhapa | animbali gupuh | Pangeran Mangkunagara | angirida pra santana myang bupati | pangran praptatur sêmbah ||

39. sampun aglar santana bupati | angandika alon jêng pangeran | kulup rèhning wus karsane | sakèhing kadang ingsun | miwah ingkang para bupati | bakal junjung maringwang | jumênênga ratu | ingsun mung anut kewala | nanging padha dèn maklum myang angawruhi | barang rèh kaluputan ||

40. dene ratu asabèng wanadri | Pangran Mangkunagara sumôngga | santana pra bupatine | prasamya saur manuk | jêng pangeran ing Sukawati | kulup padha rasakna | dina sesuk-esuk | iya tanggal ping sapisan | sasi Sura anuju ing taun Alip | iku gon jumênêngan ||

41. nanging nora nuju Sênèn Kêmis | tanggal sapisan dina Jumuah | payo rêmbugên ing mangke | santana wus sarêmbug | miwah sagung para bupati | matur yèn sêpuh tanggal | lawan dintênipun | marma santana bupatya | abipraya jumênêng Jumuah ari | tanggal sapisan Sura ||

42. jêng pangeran uga wus anggalih | badhe patih pangulu myang jaksa | sarêng sadintên adêge | jêng pangran nulya kondur | Pangran Mangkunagara mijil | lawan sagung santana | tuwin punggawagung | lajêng dhatêng pondhokira | Pangran Mangkunagara sagung bupati | pra santana rêmbagan ||

43. pangran dhawuh kinèn animbali | para pradikan ing tanah Pajang | Kudanawarsa ge-age | umêsat dutanipun | kang

--- 28 ---

nimbali pradikan sami | ing wong Galan Kajoran | ing Pacalanipun | Majasêm Konang Têmbayat | Kêmbangarum Pasucèn Astana Wêdhi | nadyan dalu praptaa ||

44. ingkang tanah Mataram prasami | kinèn sowan enjinge kewala | wus samya matêng rêmbuge | ing dalu tan winuwus | enjing sagung kang pra dipati | seba bêkta barisnya | sagung pra tumênggung | miwah kang para santana | sabarise nèng alun-alun ngèbêki | pan kadya garêbêgan ||

45. wiyosira Pangran Sukawati | sampun kadya kanthining narendra | kaprabon upacarane | asamêkta sadarum | kang ampilan anganan ngering | upacara karajan | kang praba ngênguwung | dene jroning panangkilan | pra santana bupati panèwu mantri | wus pêpak ambalabar ||

46. sapraptane ing wangun pangrawit | lênggah anèng ing amparan dênta | Pangeran Rôngga kilène | myang Pangran Kadilangu | munggèng kursi jajar alinggih | Sayid Ngabdulrahêman | kang kapindha oprup | Pangeran Mangkunagara | kinêjepan ngadêg lère Tuwan Sayid | sigra dènnya dhang-undhang ||

47. yèn kang rama umadêg narpati | nama Susunan Pakubuwana | Senapati Ngalagane | iya Ngandurahman NurNgabdurahmannu. | Sayidina Panatagami | ingkang tuhu narendra | mandhirèng amêngku | talatahing nuswa Jawa | saur manuk sagunge ingkang sumiwi | pradikan samya donga ||

48. munggang kodhokngorèk samya muni | gya binarung drèling wadyabala |

--- 29 ---

sinauran mriyêm gêdhe | kadya giri gumuntur | gêtêr patêr anggêgêtêri | wusnya kèndêl sadaya | pakurmatan wau | sang madêg nata dhêdhawah | kang kinarya patih ngiras senapati | Pangran Mangkunagara ||

49. patih kuwasa amisesani | bang-bang alum-alum nagri kasrah | kang kinarya pangulune | Ki Ngabdullah duk wau | pan mardika Astana Wêdhi | gêng luhur asambada | sinungan jêjuluk | Ki Pangulu Dipaningrat | lawan malih Ranawijaya Ngabèi | ingkang kinarya jaksa ||

50. wus jinunjung apangkat bupati | nama Tumênggung Sasmitasastra | sawusira dhawuhake | kondur wau sang prabu | kanthèn asta lan Tuwan Sayid | Sayid Ngabdulrahêman | dadya ipenipun | tinariman naking-sanak | putri Kablitaran antuk Tuwan Sayid | srimanganti duk prapta ||

51. nolèh dhawuhakên animbali | Pangran Dipati Mangkunagara | santana pra bupatine | gandhèk dhawuhkên sampun | pra pangeran patih bupati | kèrid tumamèng pura | lajêng sang aprabu | pinarak anèng pandhapa | andrawina lan sagung para bupati | miwah para pangeran ||

52. pra panèwu mantri kang nèng jawi | pinaringan saking jro jodhangan | anggili dangu pêdhote | kang dhatêng masjid Agung | pira-pira jodhangannèki | kèndêle pra pradikan | nèng surambinipun | prasami angêpung ajad | kongsi surup wau bubare kang baris | wêdale pra bupatya ||

53. nêngna ingkang

--- 30 ---

sampun madêg aji | gantya malih nagri Surakarta | Gupnur Hondhorêp praptane | pan sawêg tigang dalu | Pangran Buminata manggihi | rintên dalu kewala | mring gène gupêrnur | akathah wêwadulira | kapracaya mring gupêrnur dèn trêsnani | pan wus antuk pangêbang ||

54. kala gupnur duk manjing jro puri | sri narendra tan sagêd pinarak | sampun cat èngêt cat supe | gupêrnur lêbêtipun | patih kalih samya umiring | ingkang têngga sang nata | kang rayi sang prabu | Kangjêng Ratu Madurêtna | wong lanange Saradipa Ki Ngabèi | lawan Ki Wirajaya ||

55. gupnur prapta lênggah marêpêki | sri narendra datan angandika | gupêrnur sru ing ature | dhuh-dhuh kangjêng sang prabu | gêrah tuwan paran ing mangkin | yèn sampun tan kabangkat | inggih sang aprabu | aluhung nuntên pasraha | kraton tuwan dhatêng putra paduka ji | pangeran adipatya ||

56. mupung tuwan maksih amêningi | jênêngipun putra padukendra | sang nata ririh dhawuhe | lah sapa kowe iku | gupnur alon dènnya nauri | pun Hondhorêp kawula | ya ta sang aprabu | astanya arsa ngrangkula | nora gadug sarwi waspanya drês mijil | gupnur asalênggrukan ||

57. karêrantan kalane umiring | sri narendra duk bêdhah Pacina | lara-lapa dèn tutake | praptèng bang wetanipun | pirang warsa nabrang ing wukir | mangkya sang nata arsa | andhingini surud | kondur jaman kalanggêngan | Ratu Madurêtna anyandhing ing kering |

--- 31 ---

ngemutakên kang raka ||

58. ing ature gupnur wanti-wanti | sri narendra gya èngêt wardaya | ririh dhawuh andikane | gupêrnur iya sukur | dene sira têka pribadi | prakara sutanira | ki dipati iku | ya môngsa bodhoa sira | sadurunge sauwise pasrah mami | iya marang ing sira ||

59. lajêng kèndêl tan ngandika malih | gupnur mêdal wus eca kang manah | mung ngantos pêndhak enjinge | gupêrnur samêkta wus | ingkang prabot saking Batawi | wêlinge tuwan jendral | kalamun gupêrnur | jumênêngakên narendra | kinèn ngangge kagunganipun kulambi | miwah têkên karajan ||

60. têkên bludru pinasmèn rêspati | wujudipun têkên gêng jababah | wusnya ngrasuk busanane | karya gêtêr kang dulu | kadya Trajutrisna Narpati | Prabu Narakasura | ing pasêmonipun | dalu takèn Endranata | pratingkahe wong agung Mataram nguni | yèn ingadêgkên raja ||

61. enjing gupnur lumêbêt ing puri | dina Sênèn enjing ping sakawan | Sura Alip ing taune | sapraptane kadhatun | angaturi mring kangjêng gusti | nuli kêkampuhana | upacaranipun | para paman pinundhutan | pra santana kang pinatah ngampil-ampil | kadi adat kang rama ||

62. wus samêkta kaprabon narpati | kangjêng gusti miyos magêlaran | gupnur nganti nèng kanane | ngiring ampilan prabu | orêg sagung wadya jro mijil | miwah wong kadipatyan | kang miyat supênuh |

--- 32 ---

sapraptaning panangkilan | wus pinarak lan gupnur jajar nèng kursi | dhampar nganggur sakêdhap ||

63. gupnur angling hèh Radyan Dipati | Sindurêja miwah Pringgalaya | pra santana sadayane | lawan wadyabalagung | pra bupati kaliwon mantri | padha miyarsakêna | yèn mangke sang prabu | sèlèh karaton maringwang | wus amundhut nama Ki Agêng Matawis | marma talatah Jawa ||

64. ing samêngko ingkang angratoni | ya manira yèn ana malanga | têkakêna padha mangke | sadaya padha dhingkul | pra santana patih bupati | wontên satêngah êjam | angadêg gupêrnur | malih dènnya undhang-undhang | miyarsakna hèh patih para bupati | miwah kang pra santana ||

65. lamun wong gêdhe-gêdhe Bêtawi | tuwan jendral ngadêgakên raja | Pangeran Dipati Anom | sarta pangwasanipun | linuwihkên ing nguni-uni | jêjuluking narendra | ya ingkang Sinuhun | Jêng Sunan Pakubuwana | Senapati Ngalaga Ngabdurrahmani | Sayidin Natagama ||

66. tata pandhita rasaning bumi |Sengkalan: tata pandhita rasaning bumi (1675 A.J., 1749/50 A.D.). nulya jinunjung sang madêg nata | anglênggahi dhêdhampare | munggang gya munya umyung | drèl sanjata awanti-wanti | mriyêm gêng magêlaran | munya ting jalêgur | prajurit Walônda uga | urmat êdrèl sanjata mriyêm nauri | gumlêgêr ngombak-ombak ||

67. ki pangulu ngulama myang kêtib | juru suranata myang pradikan | andêdonga wilujênge | mring kang jumênêng ratu | patih kalih lan pra bupati | majêng ngabêkti

--- 33 ---

samya | ing kangjêng sang prabu | prapta kaliwon warata | jêngkar saking paglaran jêng sang siniwi | têdhak loji samana ||

68. rawuh dalêm anèng jroning loji | lênggah dhampar patih kalih ngarsa | banjêng pra bupati kabèh | sang nata sigra dhawuh | Buminata kang saking wukir | sinung nama pangeran | dipati kang lungguh | tigang èwu kathahira | lan minôngka senapatining prajurit | nulya kang pra santana ||

69. Adinagara Danupayèki | Pangran Ngabèi Arya Mataram | samya pinundhut dhuwunge | pinurugakên sampun | marang gêdhong paresan sami | gêdhong gêdhe wetannya | samya munggèng bangku | Pangeran Adinagara | angandika mring kang raka mring kang rayi | iki lêlakon apa ||

70. ingkang ala têka dadi bêcik | ingkang bêcik têka dadi ala | ingkang raka gèdhèg bae | ingkang rayi andhêku | Pangran Adinagara nuli | animbali ajidan | Jungkur praptèng ngayun | pangeran alon ngandika | iya Jungkur matura gupêrnur aglis | sun iki takon dosa ||

71. Jungkur dhêku sigra matur aris | tinêmbungkên wêlinge pangeran | tuwan pra pangeran mangke | sami awêling atur | milanipun sami nglampahi | ingkang kados punika | paran dosanipun | dene tan rumaos dosa | pun ajudan Jungkur sampun dèn bisiki | mring gupnur wangsul sigra ||

72. praptanira anjujug ing wuri | wurinira Pangran Dinagara | pan sampun dèn lairake | dhawuhe tuwan [tuwa...]

--- 34 ---

[...n] gupnur | botên dosa tuwan prasami | nanging gupêrnur karsa | angrêsiki mangun | kaarjaning tanah Jawa | sami kadang paduka ingkang nanggupi | ngradin sirnaning mêngsah ||

73. nanging minta paduka ywa kèksi | ngrêrubêdi lan adamêl taha | tan wontên malih-malihe | mèsêm lajêng gumuyu | mèncêp sampun mupus ing galih | ngandika jêr ku apa | dene ta kumênthus | marmane kasurang-surang | tunggal lawan kakangane Mangkubumi | nora sudi kanggonan ||

74. èpèh nyêrwètèh mungil ngêruwil | Mangkubumi kang akèh dèn eman | kang siji dèn singgahake | kang rayi aturipun | Jêng Pangeran Arya Matawis | inggih botên kadosa | kadadosanipun | têka makatên punika | mila kula atur paduka rumiyin | nyana mêmantunana ||

75. gya ladosan minuman sumaji | wancinipun wus pukul sawêlas | tuwan gupnur parentahe | pangran sakawanipun | sampun sami susah ing galih | inggih nêdya punapa | wong pinrih rahayu | ayêm tyas pangran sakawan | adhêdharan pan sami aminum sopikopi. | wau jêng sri narendra ||

76. andhawuhkên bupati ingalih | Pangran Pakuningrat marang jaba | pan dadya bupati gêdhe | gêdhe ngalih lumêbu | inggih dadya kaparak keri | Radyan Nitinagara | punika dèn lungsur | sami ipe sisihana | ingkang têngên Sasrawijaya wus lami | nama Sasradiningrat ||

77. Radyan Tumênggung Kartanagari | lêt sawarsa nênggih [nêng...]

--- 35 ---

[...gih] lungsurira | Sasradiningrat ngalihe | bupati kalangipun | Wirarana ingkang nglênggahi | duk nalika Dyan Sasra- | diningrat pinundhut | antuk Dyan Ajêng Kaluwak | Ki Ngabèi Surajênggala kinardi | tumênggung ing Mataram ||

78. Jawinata ingkang dèn gêntèni | nama Tumênggung Surajênggala | têlas wau timbalane | upêsir pra tumênggung | nutug samya sukanirèki | kasaru praptanira | caraka Matarum | tinimbalan maring ngarsa | mring gupêrnur caraka sru turirèki | tuwan kula dinuta ||

79. Kangjêng Gusti Pangran Mangkubumi | mundhut idin dènnya madêg nata | duk tanggal ing sapisane | Jumuwah dintênipun | gupnur asru dènnya nauri | nora ngidini ingwang | pan tuwan gurnadur | wus angadêgakên raja | nora nana ing Jawa ratu kêkalih | mung siji Surakarta ||

80. jêng pangeran dipati ing mangkin | wus ingangkat ratu kinawasa | ngluwihi rama eyange | punang caraka muwus | inggih nadyan dika kiyai | tan arsa ngidinana | parandene sampun | nolah-nolih dènnya ngucap | mèsam-mèsêm kadi wong dhêngglêng sayêkti | mandêlo dulerengan ||

81. tuwan gupêrnur akèn nakèni | ya wong apa lungguhe ing kana | kang tinakon lon saure | Patradipa ran ingsun | Bêkêl Ngêmbêl sawah sakikil | prandene nora beda | kongkonan tumênggung | gumêr wong gumuyu latah | patih kalih lan sagung para bupati | tuwin upsir sadaya ||

82. tuwan [tu...]

--- 36 ---

[...wan] gupnur gumujêng dènnya ngling | iya kakang Ngêmbêl Patradipa | nuli muliha dèn age | nora ngidini ingsun | Patradipa asru dènnya ngling | lah gèh amit-amitan | gumêr wong gumuyu | lagi ngadêg pinaringan | kêton rolas gumuyu dènnya nampèni | olèh kêbo sapasang ||

83. gumêr malih kang samya miyarsi | Patradipa malih wuwusira | aloma Walônda kuwe | wus lajêng lampahipun | Dyan Dipati Sindurja nuli | tinimbalan mangarsa | gupnur lon amuwus | dyan dipati kadiparan | kengkenane Pangeran Amangkubumi | Dipati Sindurêja ||

84. anauri gih tuwan puniki | Pangran Mangkubumi luwih guna | kongkon othe-othe bae | kang kinongkon wong pêngung | growal-growal dènira angling | gupêrnur lon wuwusnya | tan kula paèlu | nadyan gawea têtawa | sasukane anganggêpa rare cilik | môngsa anglabêtana ||

85. lamun durung iya pelor mami | dadi banyu miwah dadi lêmah | sêdhih tan ana gunane | sasukane sun turut | Mangkubumi kêkancan mami | marma kalawan ingwang | langkung purunipun | anganggêp sawiyah-wiyah | nora bêsèt tibane ing awak mami | pama rare kewala ||

86. sri narendra andhawuhkên malih | sutanira Radèn Pringgalaya | Pringgadipura namane | sinêngkakkên ngaluhur | pan pinacak dadya bupati | agêng pinaring nama | Rahadyan Tumênggung | Pringgadiningrat sawusnya | satêngah nêm kondur

--- 37 ---

ngadhaton sang aji | pra bupati bubaran ||

87. jumênênge kangjêng sri bupati | ingkang rama mêningi nêm dina | ing malêm Akad surude | wanci satêngah wolu | layon dalêm jêng sri bupati | sinarèkkên Nglawiyan | gupnur rêmbagipun | sawusira tigang dina | gupnur mantuk sande dènira ngawaki | amukul ing Mataram ||

41. Wadyabala Kumpêni ngungsir Pangeran Mangkubumi, campuh wontên ing rêdi Tidhar, lajêng madêg karaton ing Kabanaran.

88. Kangjêng Ratu Madurêtna mangkin | pan sinuhun kondur mring Samarang | sang nata amaringake | sarêng lawan gupêrnur | sapraptane nagri Samawis | gupnur nulya utusan | tur sêrat sang prabu | surasane pra pangeran | kapat pisan sinuhun ingkang tumuli | praptane ing Samarang ||

89. myang prajurit Madura anuli | sinarêngna lan Surajênggala | ngumpul baris Tarayême | ri sampunnya sang prabu | anupiksa raosing tulis | sigra amatah wadya | ngatêr lampahipun | para pangeran sakawan | sapraptane anèng Samarang nagari | linajêngkên binucal ||

90. maring Selong winuwusa malih | sri narendra sampun adhêdhawah | wong Madura sadayane | barisa Trayêm ngumpul |

--- 38 ---

têtindhihe ingkang prajurit | Dyan CarangmôndalikaCarangmôndhalika. | pêpulunanipun | pramèswarining narendra | duk samana radyan pinaringan putri | miwah arta busana ||

91. budhal Surajênggala angirid | gangsal atus prajurit Madura | prapta Tarayêm lampahe | sarêngan praptanipun | bantu ingkang saking Samawis | tigang atus Walônda | Bali Bugisipun | nênggih kapitan sakawan | kawan atus badhe mukul ing Matawis | tan winarna ing marga ||

92. sapraptane ing Tarayêm baris | eca tyase prajurit kang lama | dene prapta bêbantune | tuwuh sudiranipun | rêmbagira kang para tindhih | badhe gitik Ngayogya | nganti pra tumênggung | kang amêpêk sikêp tundhan | kunêng malih Ngayogya ingkang winarni | dadèkakên parentah ||

93. Pangran Purbaya Pangran Suryadi | lawan Pangeran Mangkukusuma | wus budhal marang Pagêlèn | dene bupati bantu | Jagaraga Janapurèki | kang ngilèn ngalèr marang | Tarayêm bêbedhung | Dipati Suryanagara | Môndaraka Wiradigda lawan malih | Radyan Jagaulatan ||

94. mantrinira Pangeran Dipati | Mangkunagara Jayaangkatan | ing tanah Pajang kang êlèr | Jayadirja Tumênggung | Brajadênta lan Brajamusthi | urut Pajang kang wetan | lawan ingkang kidul | Pangeran Adiwijaya | Pangran Mangkudiningrat kanthi bupati | pangarsa Wiranata ||

95. dene ingkang têngga Sukawati | Adipati Pugêr kanthinira | bupati môncanagrine |

--- 39 ---

ingkang sampun anungkul | bupatine Pangran Dipati | Arya Mangkunagara | kinon karya riwuk | mring pasisir anggêgila | pra bupati pasisir prasamya tintrim | tur acungan mring Yogya ||

96. ya ta wau Tarayêm winarni | wus samêkta mung anganti dina | pitung atus ing cacahe | Bugis Makasar Wangsul | gangsal atus Kumpêni putih | gangsal atus Madura | tindhihing wadyagung | Mayor ÊtorÊpor. ingkang dadya | senapati dene ingkang anisihi | Sakèbêr balanira ||

97. tigang atus dragundêr Walandi | kalih atus Kumpêni kang dharat | wadya Jawa têtindhihe | sagung para tumênggung | Mangkupraja Kartanagari | Tumênggung Wiraguna | akanthi Tumênggung | Natayuda Wiradigda | Dyan Urawan Kartadipa Rajaniti | lawan Surajênggala ||

98. samya nindhihi bala pribadi | mantri miwah prajurit arahan | wontên salêksa gunggunge | gêgamane tumênggung | kalih èwu sabrang Kumpêni | saking Trayêm budhalan | pinêthuk binedhung | Dipati Suryanagara | sakancane sami ngaturi udani | maring nagri Mataram ||

99. Sri Bupati Mataram duk tampi | warta lamun Kumpêni wus budhal | sing Trayêm agung balane | bata kinèn anggêmpur | karsanira ngoncati jurit | nêdya awêwêlutan | anjog maring Kêdhu | bata Ngayogya wus sirna | pra bupati sadina-dina wus rakit | kapraboning ayuda ||

100. Suryanagara Radyan Dipati | tarung riwuk nganthil kering kanan | sinêrot [sinêro...]

--- 40 ---

[...t] ngoncati mire | tinilar atut pungkur | kaku tyase tan dèn lawani | mayor kalih parentah | aja na maèlu | prang setan tan dadi apa | kang lêlampah wong cilik kaliwat sêdhih | bingung akarekelan ||

101. kèndêl marga bêbadan sawêngi | enjing budhal Dyan Surajênggala | ingkang dadya pangarsane | kang nèng Yogya cinatur | budhal ngetan dene kang kari | ingkang môngka kêkawal | priyayi katêlu | Wiraguna Wiratmaja | Wiranala sangang atus gunging baris | samya wahana kuda ||

102. baris Trayêm prapta manggih sêpi | amung mantri têtiga kinawal | atata pamondhokane | mayor parentahipun | anêlasah mungsuh nèng ngêndi | lan kinèn anarubna | sakathahing dhusun | Tumênggung Surajênggala | lan Tumênggung Rajaniti samya nuding | nlasah paraning mêngsah ||

103. sira Suryanagara Dipati | tinimbalan tinuduh dadia | marang Kêdhu panganjure | angetan ora dangu | têdhakira Prabu Matawis | ngalèr lajêng anulya | ngilèn jog ing Kêdhu | Dipati Mangkunagara | saha bala ing lampah kang munggèng wuri | prajurite akathah ||

104. ing pasantrèn makuwon sawêngi | enjing budhal masanggrahan Pathak | wong desa wus nungkul bae | nabrang Pêraganipun | nèng Têmanggung Sri Narapati | Pangran Mangkunagara | mung saênggènipun | tarub tan ana kang malang | samya têluk kang wontên sipat priyayi | Radèn Mangunkusuma ||

105. Arya Kusuma sampun anunggil | lawan Dipati [Di...]

--- 41 ---

[...pati] Suryanagara | myang Môndaraka barise | Jagaulatanipun | Wiradigda wong Kêdhu sami | prasamya ingundhangan | satus jaran wolu | wus kathah prajuritira | nging ombyokan kawuwus Pagêlèn sami | mring Kêdhu katimbalan ||

106. Pangran Purbaya praptanirèki | prajurite rongèwu turôngga | nyèwu pangeran kalihe | Mangkukusuma wau | lawan Pangran Arya Suryadi | prajurite turôngga | sami cacah nyèwu | nanging wau ingkang raka | durung tega angangsahêna prajurit | yêkti marahi gêtas ||

107. kawarnaa kang anèng Matawis | myarsa anèng Kêdhu mêngsahira | samya ngumpul sadayane | wong sa-Kêdhu sumuyud | yèn lamia anèng Matawis | sikêpe pra bupatya | minggat nusul mungsuh | rêmbag sigra bêbudhalan | baris agung sing Yogya mring Kêdhu malih | wus praptèng Parimana ||

108. Suryanagara Radyan Dipati | tur uninga yèn Kumpêni prapta | nèng Parimana barise | sigra budhal sang prabu | saking Kilènpêraga kêrig | wus prapta Ngadiraja | angantosi mungsuh | sadalu dènnya pirêmbag | pamêthuke mêngsah nèng Tidhar ajurit | dene ra-ara jêmbar ||

109. rakit gêlaring ayuda benjing | ingkang rama amundhut ing dhadha | mundhut katri punggawane | Jagapura Tumênggung | Janagara miwah Dipati | Jayaningrat Mataram | nèng dhadha gènipun | kang badhe ingabên dharat | Jêng Pangeran Dipati Mangkunagari |

--- 42 ---

kang ngajangi Madura ||

110. Radèn Dipati Suryanagari | angajangi wong Kumpêni Islam | katri punggawa kanthine | pacêkan Mantri Kêdhu | kang ginawa tumut ngobyongi | wus matêng kang pirêmbag | tan kawarnèng dalu | enjing budhal atêngara | rêbat papan Kumpêni budhal marpêki | amrih yuda kênaka ||

55. Pangkur

1. praptèng ara-ara Tidhar | wong Kumpêni kidul kang dèn anciki | kang êlèr Prabu Matarum | Kumpêni tata gelar | mayor kalih andhadhani ênggènipun | dragundêr lawan kang dharat | angumpul dadya sawiji ||

2. mriyêm kalih lawan tiktak | mung sakawan anèng dhadha anunggil | kang pangawat kiwanipun | prajurit ing Madura | Radèn Carangmôndhalika gangsal atus | pangawat kang têngênira | Kumpêni Islam prasami ||

3. Pangeran Mangkunagara | wus angilèn ngidul adhêpirèki | prajurite patang puluh | kang kinèn tilar tumbak | aja ewuh kapiran pêrange pistul | panah ingkang kalih dasa | Dipati Suryanagari ||

4. sabalane wus angetan | madhêp ngidul ngajêngkên bala Bugis | Makasar Sêmbawa Butun | pitung atus sadaya | pra bupati kalih kiwa têngênipun | nênêm ingkang munggèng dhadha | anunggil lawan Kumpêni ||

5. sri narendra ing Mataram | ngilèn ngetan jojog kudanirèki | wus prayoga rakitipun | asru dènnya ngandika | dèn abêcik mungsuhira kadi mêndhung | wus dènnya sawang-sinawang |

--- 43 ---

Mayor Por lanas ing jurit ||

6. mangke dèn ririh kewala | dimèn gitik eca dèn paekani | usar sampun katêlanjur | wontên kalih pambalang | wong Mataram samya giyak sarwi kukuk | angêdrèl Kumpêni usar | sapisan wus dèn susupi ||

7. mantri pinilih anunjang | para mantri kaparak anututi | para santana tumênggung | samya umangsah dharat | Janapura Jayanagara angamuk | akuwêl ulêng-ulengan | sami rok asilih ungkih ||

8. caruk rukêt amangrêmpak | rame udrêg gumuruh tambur bèri | bêndhe awor carawangsul | wor surake kang wadya | Adipati Suryanagara wus campuh | Wiradigda Môndaraka | pra dipati angawaki ||

9. Dipati Suryanagara | mantri anyar Kêdhu kang dèn tindhihi | ingadu dharat angamuk | lawan Kumpêni Islam | rame caruk surake wadya gumuruh | kadya prahara ruhara | kumarubut rêbut pati ||

10. Pangeran Mangkunagara | ngangsahakên prajurit kang turanggi | kumrutug swaraning pistul | wadya Madura mangsah | Carangmôndhalika ngabani angamuk | kotbuta anêmpuh rampak | mungsuh mêngkab nganan kering ||

11. panumbake ingoncatan | giwar mistul ana ingkang jêmparing | pinistulan ngalèr ngidul | wus kathah ingkang pêjah | kaku tyase anyarêmpêng nyêrot purun | tinadhahan kang sanjata | saking sanginggil turanggi ||

12. nêmpuh wusnya muni giwar | mistul wuri [wu...]

--- 44 ---

[...ri] jêmparing nganan ngering | sami kakuning tyasipun | sayah binakta giwar | Carangmôndhalika taksih apepayung | sami andheprok sadaya | Pangeran Mangkunagari ||

13. angangsahkên wong kang tigas | mantri jêro pangeran anindhihi | sarêng nyamêthi anêmpuh | nubruk ngilês turôngga | wong Madura bingung panumbake luput | kalamun tinumbak kêna | rusak buyar bosah-basih ||

14. Radèn Carangmôndhalika | cinakuthak pinistul sampun kêni | jaja kang kiwa anêluk | sigra Kudanawarsa | mudhun saking turôngga anumbak purun | Radèn Carangmôndhalika | kawatgata wus ngêmasi ||

15. tumpês kèlês wong Madura | gangsal atus mung limalas kang kèri | kacêkêl urip nêmlikur | mantrinipun satunggal | Dêmang Brajawati rolas kancanipun | tan karuwan palayunya | angungsi bala Kumpêni ||

16. Mayor Por kang kacakuthak | Kumpênine usar wus akèh mati | Sakèbêr nisih lumayu | amung pêjah sadasa | dragundêre usar kari pitung puluh | pisah mangiwa mangawat | tumenggung kalih tut wuri ||

17. Dipati Suryanagara | sakancane ngidak pangamuknèki | ungkih-ingungkih abakuh | sagung para kapitan | angawaki kang pra bupati anempuh | caruk rok aliru watang | cinorok rukêt kinêris ||

18. kapitan katiga pêjah | Kumpêni Slam rusak barisnya ngisis | ingamuk para tumênggung | para mantri sadaya |

--- 45 ---

ing prang wuru liwung ulengan apêluk | akèh kang watang-winatang | ana kang kêris-kinêris ||

19. Bugis Bali sampun risak | sakarine ngungsi marang Kumpêni | maksih rame ing prangipun | rukêt bala Walônda | wong Mataram barêng nêmpuh ambyuk nubruk | Dipati Suryanagara | saunggulira angungsir ||

20. lajêng ngawêt saking wetan | sarêng nêmpuh kotbuta ing ajurit | Kumpêni Slam kathah lampus | dragundêre wus giwar | Mayor Êpor ebat tanaganing mungsuh | lajêng dènira kaplajar | Kumpêni ingkang lumaris ||

21. nadhahi kalawan tiktak | wantu kêdhik satus ingkang lumaris | rukêt cinorok abingung | tumpês satus sakêdhap | ting gêlasah tiktake binandhang sampun | tuwin mariyêm tinilar | gusis lumayu angisis ||

22. Sakèbêr mulat mangetan | yèn Mayor Por sampun lumayu têbih | tambur lan banderanipun | tiba sampun kabandhang | mung Sakèbêr maksih rèrèh unduripun | mungsuh samya ambêbandhang | tan ana ingkang angungsir ||

23. Ki Tumênggung Wiradigda | Kartadipa lawan Kartanagari | tan pisah Sakèbêripun | Tumênggung Mangkupraja | Wiraguna lan Natayuda kabutuh | palayune katungkêpan | Dipati Suryanagari ||

24. kinêpung kèndêl kewala | samya nungkul wau kang mênang jurit | nèng padhusunan angaup | Pangeran Purubaya | wau pamit duk arsanira umagut | anyingkirakên kang garwa | sabubare aprang prapti ||

--- 46 ---

25. antuk Walônda satunggal | pan Walônda bingung tan wruh ing margi | kasasar dènnya lumayu | katur dhatêng kang raka | asêseba nèng ngandhap waringin agung | kang putra sampun umarak | miwah sagung pra bupati ||

26. sami ngaturkên bandhangan | Adipati Suryanagara ngirid | wau bupati katêlu | Suryanagara lênggah | ing wurine Pangran Mangkunagarèku | bisik-bisik aturira | pangeran nauri aris ||

27. Panumping pun Wiraguna | aja owah mantri kaliwonnèki | Suryanagara umatur | Mantri Kêdhu pacêkan | Ranadipa Randhusana cangkokipun | mantêp wantêr purun aprang | antuk kapitan satunggil ||

28. pêjahe rukêt tinumbak | pun Kapitan Layar Kapitan Bugis | kêkalih sareyanipun | kang têtulung dèn iras | wontên ngajêng kula anggènipun caruk | sang nataris angandika | iya uwonge kang êndi ||

29. nèng wingking kinèn mangarsa | lênggah mapan ngandika sri bupati | lah dene iku abagus | kulup Mangkunagara | iya mèmpêr Si Kudanawarsa iku | ingkang putra matur nêmbah | inggih sayêkti yèn mirib ||

30. ngandika wau sang nata | ingsun pundhut ingsun karya bupati | bupati miji wong sèwu | salungguhe kewala | kaarana Si Tumênggung Singaranu | sawah jro gêdhong kapêdhak | tur nêmbah konjêm ing siti ||

31. hèh adhi Suryanagara | tunggalêna iku karyaning jurit | Si Tumênggung Singaranu | lawan Si Wiradigda | Môndaraka Si Jagaulatan iku | Dipati Suryanagara |

--- 47 ---

sandika aturirèki ||

32. dènira prang lingsir wetan | lingsir kilèn nênggih bubaring jurit | cinacah Walônda lampus | kathahe tiga bêlah | Bali Bugis ingkang pêjah kawan atus | pan kawan atus sawidak | prajurit Madura mati ||

33. wong Jawanipun akathah | budhal saking paprangan sawadyèki | pakuwon Sukarwe dhusun | sadalu suka-suka | pra pangeran samya natab carawangsul | punggawa kang agêng samya | anatab kang carabali ||

34. Dipati Suryanagara | Adipati Jayaningrat Matawis | samya nabuh carawangsul | ing jro anatab munggang | pra prajurit sapocapan samya ngungun | kalane marwasèng mêngsah | saur-sinauran sami ||

35. kunêng ing dalu wus enjang | Jayaningrat Mataram tur udani | yèn Kumpêni lampahipun | mring Yogya mung sakêdhap | mampir kalih êjam prasamya alaju | angetan inggih wikana | ing lampah kang dèn purugi ||

36. suka wau duk miyarsa | sakalarsa kôndur dhatêng Matawis | têngara budhalanipun | Pangran Mangkunagara | Pangran Purubaya kang munggèng panganjur | Dipati Suryanagara | nèng wuri kang pra bupati ||

37. Kêdhu anyar têtêlukan | pra bupati samya atilar mantri | kang samya têngga ing Kêdhu | wau ta lampahira | pan sadina rêrêp dhusun Watukarung | enjing sawadyane budhal | praptane Ngayogya nagri ||

38. Mangkunagara angetan | ingkang rama dene dèrèng dhawuhi | badhe [ba...]

--- 48 ---

[...dhe] ing pakuwonipun | sinusul ingandikan | ingkang rama kèndêl ngêntosi nèng Bakung | sapraptanira kang putra | kang rama ngandika aris ||

39. kulup ingsun gawèkêna | ya kadhaton ing desa kidul iki | Kabanaran jêmbar iku | ingkang putra sandika | pra bupati ingirid sadaya tumut | prasamya andum pakaryan | Kêdhu Pagêlèn Matawis ||

40. ing Bakung ingkang atêngga | abdi dalêm ing jro ingkang prajurit | wau kang samya anambut | kitha ing Kabanaran | tan alama dadya pasang rakitipun | abagus rata ajêmbar | polatan ing kanan kering ||

41. Dipati Suryanagara | lan Dipati Jayaningrat tinuding | amondhongi sang aprabu | prapta matur tur sêmbah | kula ngutus ing putra tuwan sang prabu | Dipati Mangkunagara | tur wikan kadhaton dadi ||

42. jêng paduka ingaturan | sri narendra sigra budhal lumaris | ngidul ngetan praptanipun | pinêthuk baris urmat | drèl ping tiga urmat pangadhatonipun | arja sagung pra bupatya | atata pomahan sami ||

43. Pangeran Mangkudiningrat | Pangran Adiwijaya duk udani | kala mayor kalih langkung | sami kagyat tan nyana | dene mêdal margi agêng datan purun | mêdal pinggir gunung Kêmbang | angalèr ngetan jognèki ||

44. Jatinom Pabelan Kopat | ngalor anjog ing Ngêndho ngetan malih | praptèng Kuwêl ngalèripun | Pêngging kèndêl sakêdhap | nuju wontên baris arahan ing ngriku |

--- 49 ---

Mas Dêmang Surakartika | baris Pêngging kang nindhihi ||

45. pinarêng Sang Adipatya | Pringgalaya têtinjo baris Pêngging | sami kagète pinêthuk | Mayor Por têtabean | Mayor Pèbêr tabean lajêng angrangkul | Pringgalaya guragapan | adhuh tuwan kadipundi ||

46. sakèrine pra bupatya | ngujung maring Pringgalaya Dipati | Dyan Wiradigda Tumênggung | Tumênggung Kartadipa | miwah sira Kartanagara Tumênggung | Tumênggung Surajênggala | lan Tumênggung Rajaniti ||

47. kabèh prasasat wêwuda | dènnya pisah lawan kang wadya sami | Sakèbêr gêmêt atutur | sapolahe prang Tidhar | mangke kathah Mangkubumi balanipun | duk prang Tanjung kadar pira | prandene bôndakalani ||

48. sawusira dhêdhaharan | anèng Pêngging budhal mring Bayalali | Pringgalaya ngetan sampun | mantuk mring Surakarta | nèng Bondalêm pisahe lan mayor wau | sapraptanira Samarang | Mayor Êpor ingkang kari ||

49. Sakèbêr kinèn wangsula | marang Surakarta sawadyanèki | dragundêre pitung puluh | saha sinungan gaman | prapta Surakarta gantya kang winuwus | Pangeran Adiwijaya | Mangkuningrat Singasari ||

50. ingkang sami tinanggênah | tanah Pajang duk langkunge Kumpêni | rencang Kumpêni kang kantun | prasamya binegalan | mring mantrine nênggih pangeran katêlu | angsal tambur lan bandera | kang binegal samya kingkin ||

--- 50 ---

42. Mangunonêng, utusanipun Kumpêni dipun pêjahi wontên ing Kabanaran

56. Asmaradana

1. wau wong agung Matawis | Pangeran Adiwijaya | Mangkudiningrat tigane | Jêng Singasari Pangeran | rêmbag prasamya sowan | marang kangjêng sang aprabu | kang ngadhaton Kabanaran ||

2. budhal praptane Matawis | katur sagunging bandhangan | lan ngaturakên wartane | lampahe mayor kalihnya | sang nata langkung suka | wus kinèn atata dunung | wismèng nagri Kabanaran ||

3. saya agung ingkang prapti | wong Kêdhu Pagêlèn samya | môncanagara kang êlèr | Dipati Pugêr kang prapta | bupati ing Balora | miwah bupati ing Warung | Sêsela myang Jagaraga ||

4. Jayadirja lawan malih | ManMas. Rôngga Wirasantika | wong Dêmak Jipang saparo | samya seba garêbêgan | mring nagri Kabanaran | anuju garêbêg Mulud | arja lir nagri wus lama ||

5. samana nagara dadi | nanging cara pabarisan | sagung wismane punang wong | samya ngajêngakên marga | jajidharan arata | wisma gêng-agêng anglajur | gênggêng jaro pra bupatya ||

6. lurunge jêmbar arêsik | akathah marga prapatan | prayoga wêdhi sitine | gasik kambah ing akathah | toya wêning tumumpang | sabên kang para tumênggung | sami adarbe

--- 51 ---

balumbang ||

7. miwah ingkang para mantri | tan towang karya balumbang | Jumungahipun agêdhe | Pasar Gêdhe sabên dina | dodolan warna-warna | warung urut pinggir lurung | murah kang sarwa tinumbas ||

8. garwa putrane sang aji | myang Pangran Mangkunagara | kang anèng Sukawatine | samana wus samya prapta | miwah kawulawarga | tan ana kantun wus kumpul | anèng nagri Kabanaran ||

9. langkung arjaning nagari | balabar ingkang pomahan | têgal tarataban kabèh | wus samya kaisèn wisma | wong ngumbara karasan | mangkana gantya winuwus | Kumpêni akarya gêlar ||

10. Mangunonêng duk rumiyin | pêpatihe Sunan Cina | kacêkêl kala bêdhahe | Randhulawang nèng Toyamas | marma anèng Jakarta | dadi gêloco nèng ngriku | ing mangke arsa dinuta ||

11. suwitaa mring Matawis | sarta ginawan nagara | ing Pathi dèn paringake | lakunipun rong prakara | yèn kanggo ginawea | pêpatih amangku rêmbug | pinasrah barang prakara ||

12. rinêmbugana kang bêcik | iya lawan dèn tanggunga | Kumpêni mitra sêdyane | sêca tuhu angamonga | mring trah Pakubuwanan | yèn wus tan kêna dèn êluk | nora ina pining sapta ||

13. lan anggawa maosandi | panutut anuting karsa | yèn mungguh wong Jawa pèlèt | Kumpêni usada trêsna | nora panggawe cidra | cinidrana yèn apêngkuh | pêngkuhe ambuwang nalar ||

--- 52 ---

14. samana wus angirupi | Mangunonêng mring wong desa | saking Kumpêni gêlare | piranti amranti bala | Mangunonêng wus mêdal | saking Kumpêni misuwur | minggat dosa rêbut gêsang ||

15. wus anjog nagari Pathi | bupatine samya kesah | mring Samarang pangungsine | wong Pathi nungkul kewala | tan ana kang malanga | Mangunonêng undhang sampun | siyaga kapraboning prang ||

16. wus samakta ingkang baris | saragêni wolung dasa | satus sawidak numbake | mantrinipun kawan wêlas | saking ing Pathi budhal | sakawan banderanipun | sêdyanjog ing Garobogan ||

17. ing Garobogan wus prapti | suwêng kang darbe nagara | Dipati Pugêr Patihe | Dêmang Wrêgadimanggala | ingkang têngga nagara | kalawan urunanipun | bupati môncanagara ||

18. Balora Warung lan malih | Jagaraga miwah Jipang | para mantri urunane | têngga nagri Garobogan | kapalan nigang dasa | dadya kumpul gangsal atus | sapalih pasisir Dêmak ||

19. dalême dyan adipati | anèng sawetaning Bicak | rinakit kadya kadhaton | Mangunonêng praptanira | mondhok paseban jaba | cingak wêwangunanipun | lan kathah ingkang atêngga ||

20. Wrêgamanggala manggihi | lan para mantri urunan | wong môncanagara kabèh | Mangunonêng tigang dina | kèndêl nèng Garobogan | andina patakonipun | solahbawaning dipatya ||

--- 53 ---

21. sabubare Randhukori | Dêmang Wrêgadimanggala | ingkang galur lêlakone | ngaturi para pangeran | kang apês lan digdaya | ingayonan wrating pupuh | kang apês tinundhung kesah ||

22. kang prawira dèn ugêmi | pamomonge rinungkêban | dènira dadi bêbotoh | Pangran Mangkubumi ingkang | tan mèngèng binotohan | mangkya kadadosanipun | jumênêng ratu prakosa ||

23. Mangunonêng brêbês mili | ngrasa tiwasing sarira | nèng Batawi dadi gloco | Dêmang Wrêgadimanggala | angandhêg lampahira | ngantos sautusanipun | tur uningèng Kabanaran ||

24. anuduh mantri kêkalih | kêkapalan kalih dasa | ing marga tan winiraos | praptanirèng Kabanaran | katur mring sang dipatya | sêrate winaos sampun | kadriya têmbunging surat ||

25. lajêng undhang pra bupati | seba mring Mangkunagaran | wus katur wau surate | ingkang saking Garobogan | Pangran Mangkunagara | lajêng sowan mring kadhatun | canthèl atur ingandikan ||

26. lawan Pugêr Adipati | myang Dipati Jayaningrat | katri prapta ngarsa katong | Pangeran MakunagaraMangkunagara. | matur atur uninga | Mangunonêng praptanipun | badhe sumiwèng narendra ||

27. ngandika sri narapati | lah padha sira rêmbuga | lan para bupati kabèh | lah kakang Pugêr ta sira | Dipati Jayaningrat | priye kang dadi rêmbugmu | Dipati Pugêr turira ||

28. sumôngga karsa narpati | pun Mangunonêng punika | lair batinipun [bati...]

--- 54 ---

[...nipun] lobok | wite têngah lan wêkasan | loboke botên gothang | jaba jero ngajêng pungkur | gêgubrês edan-edanan ||

29. pikir botên mawi dêling | mung inggih iya punika | anglarug banjur dêlojor | paitane gêgêmblungan | angingkrang salengkrangan | mung nguyuh palari patut | punika atur kawula ||

30. Jayaningrat ing Matawis | ature inggih punika | pun Mangunonêng dede wong | upami kinarsakêna | anggarapa prakara | sayêktinipun têruwu | ping kalihipun punika ||

31. kula kintên ngêngilani | sagah dhatêng ing Walônda | anggêgampang tan wrin kewoh | punapa rare sadaya | kang ngadhêp padukendra | tan wruha panggawanipun | ing sasêran kamadaka ||kamandaka.

32. ngandika sri narapati | yèn katêlu wus mupakat | kulup kapate lan ingong | nanging sanak-sanakira | santana pra bupatya | padha tarinên sadarum | Si Mangunonêng praptanya ||

33. wus mêdal wong agung katri | Pugêr karya srat wangsulan | wus kinèn anglajêngake | Mangunonêng lampahira | dutane wus tinulak | maring Garobogan mantuk | ing marga tan winursita ||

34. prapta sampun dèn dhawuhi | Mangunonêng lajêngira | sigra atêngara bêndhe | budhal saking Garobogan | dene kang wadyabala | kadi wontên kawan atus | lan mawi talèdhèk gangsal ||

35. kang gêndhèng samargi-margi | dènira nglangkungi wana | gumuruh alas [ala...]

--- 55 ---

[...s] pajatèn | alas ing Kêndhêng punika | praptane kidul arga | kèndêl ing Tambak Tênawung | amakuwon kalih dina ||

36. lajêng mangidul lumaris | Tumênggung Mangunonêngan | wus makuwon ing Garompol | akathah wong kang suwita | Pangran Mangkunagara | nuduh baris kang kalanthung | Tumênggung Kudanawarsa ||

37. Mantri Sukawati kalih | ingkang ngirid tuduh marga | Mangunonêng ing lampahe | manawi akarya gita | sagung baris pangarsa | samarga anitih tandhu | ngidul ngilèn lampahira ||

38. sapraptaning Jatisari | wangsuling wong Sukawatya | nanging sampun masrahake | mring mantri Mangkunagaran | kang ngirid angatêrna | Dêmang Jagayuda gêmblung | kang ngatêr mangidulira ||

39. sapraptane gunung Wijil | Ki Tumênggung Wiranata | kang kengkenan ngatêrake | lagya ing pukul sawêlas | watêse kèndêlira | amakuwon ing Kalêpu | dhusun agêng pinggir marga ||

40. duk lagya cucul turanggi | Tumênggung Kudanawarsa | liwat ngajêng pondhokane | mantri pangarsa binêkta | dènnya akarya eram | ngarsa kuda tigang atus | Ngabèi Rêsadirana ||

41. mukul tambure kêkalih | banderanipun sakawan | bêcik-bêcik prajurite | Mangunonêng sarowangnya | mêdal mulat kang liwat | atêtanya sapa iku | wontên bature uninga ||

42. saking Drêsanan manawi | Tumênggung Kudanawarsa | nênggih pangajêng balane | pitung atus kang turôngga | sami wong pêpilihan |

--- 56 ---

ing wurine tigang atus | prajurit wahana kuda ||

43. kalih èwu dharatnèki | Tumênggung Kudanawarsa | Mangkunagaran Pêpatèh | punika êmbane lama | nguni Wiradiwôngsa | Mangunonêng duk angrungu | julalatan guragapan ||

44. baturku ngadu kêmiri | Si Adhi Wiradiwôngsa | wus dadi prajurit gêdhe | môngsa lalia maringwang | lah age pôncadriya | umatura lamun ingsun | kangên arsa pêpanggiha ||

45. lumayu anêrak baris | praptèng ngarsa atur sêmbah | raka paduka salame | langkung kangên mring paduka | kèndêl Kudanawarsa | balane kang katalanjur | prasamya kinèn balia ||

46. menggok mangalèr sakêdhik | Mangunonêng eram mulat | Kudanawarsa balane | sura kinanthi nèng ngarsa | turôngga pitung dasa | samya cêmêng bajunipun | kuluk bêsur cêmêng samya ||

47. lancingan sangkêlat abrit | apanji-panji sadaya | mudhun saking turanggane | Tumênggung Kudanawarsa | gapyuk asêsalaman | Kudanawarsa rinangkul | si adhi nora kayaa ||

48. têka sami salin warni | adhi busananing bala | têka mangkene rakite | nauri Kudanawarsa | kakang inggih parentah | ing ratu ingkang tinurut | ratu prawira prakoswa ||

49. Pangeran Amangkubumi | kakang kang jumênêng nata | angluwihi darajate | ing aprang undhagi gêlar | waspada ing wêweka | kakang wontên pitung dalu | ngandika dhatêng kang putra ||

50. hèh ta kulup [kulu...]

--- 57 ---

[...p] adipati | babo dèn padha prayitna | ana upayaning mungsoh | akêri walikat ingwang | kaya nablok ananjak | parangmuka marasandu | pangendra kartisampeka ||

51. karasa iya tyas mami | bocah ingsun Suranata | kabèh nglakonana mangke | aja ana mangan sêga | mêsu nuragèng suksma | sun belani nora turu | lawan iya nora dhahar ||

52. kaya mèh prapta ing mami | lakune pangendrajala | satru anêngah badhene | kulup sira kasukana | lan sagung pra bupatya | aja katara yèn ingsun | gaib amangun budaya ||

53. ingsun lagi aprang batin | mêminta pitulunging Hyang | supaya kêna pamêlèh | sakèhe kang laku cidra | Mangunonêng miyarsa | pucêt netyanira payus | alêsu sariranira ||

54. Kudanawarsa ngrapêti | andika punika kakang | kapasang yogya sêdyane | wus lami nata ngandika | kulup Mangkunagara | sun têtêdha siyang dalu | olèha kanthi wak ingwang ||

55. kaya Mangunonêng nguni | nagara têluk kewala | bisa bêdhah praja gêdhe | Si Kakang Pugêr Dipatya | kanthine durung ana | dumadakan dika rawuh | pan sabda pandhita raja ||

56. cahyanira muncul malih | pucête asêmu bingar | dènnya miyarsa wuwuse | Tumênggung Kudanawarsa | ilang kang mêlang-mêlang | ginolong longe kumlungkung | mrih pirapêt angrêrêpa ||

57. bok kacakuthak sathithik | kacênthok kang kacêthikan | ginawa ing panggawene | ginagaping gita basa | basukine [ba...]

--- 58 ---

[...sukine] kang lampah | wus nora ametung untung | mung sêla sêlamêtira ||

58. kalangkung pamintaning sih | Tumênggung Kudanawarsa | wruh lamun gêmpal atine | upaya pinulasara | sarewa-rewaning rat | mêmaras miris angrungu | rèhe kang umadêg raja ||

59. sêdhat-sêdhèt ing panglirik | Tumênggung Kudanawarsa | ngungun cilike atine | dadra cidra badhenira | dhatêng ingkang anduta | badhe ngugêmi kang laku | sumungkêm lair batinnya ||

60. angling yèn makatên ugi | dhi Mênggung Kudanawarsa | kula dika sêtyakake | dhatêng ing Kangjeng Bandara | Pangran Mangkunagara | kula lair batin sujud | katura gambuh kang rama ||

57. Gambuh

1. matia raganingsun | ngayahan dalêm sajroning pupuh | nêdya sabilolah yêkti kula adhi | nanging ta kawula suwun | adhi pun Pathi kemawon ||

2. dadya Kyai Tumênggung | Kudanawarsa tan bangkit laju | Mangunonêng anggubêt sangêt jrihnèki | kalamun pisaha laku | anggondhèl kudu anggendhol ||

3. dadya wau tinurut | sarêng ing lampah kyai tumênggung | anèng dhusun Kalêpu sipêng sawêngi | nuntên budhal enjingipun | rêrêm dhusun ing Kamalon ||

4. wontên dêdamêl rawuh | sami mariksa bulus ing Jimbung | kuda sèwu prajurite bêcik-bêcik | abêcik punggawanipun | katon santosa tos-atos ||

5. lampah mawi panganjur | kuda rongatus banderanipun | kalih supit ing wuri sasupit malih |

--- 59 ---

nênggih kang turôngga satus | ing wuri sapôntha golong ||

6. kèndêl punggawanipun | Ki Mangunonêng atêtanyarum | inggih sintên adhi wong agung puniki | Kudanawarsa umatur | sampeyan supe kemawon ||

7. punika mantunipun | Dipati Pugêr ingkang jêjuluk | Dyan Suwandi mangke wus nama Dipati | Suryanagara gêgêdhug | dadya andêling palugon ||

8. angrèh wadyabalagung | sabin Mataram lêlungguhipun | saking Jimbung wartinipun kala wingi | Mangunonêng wuwusipun | punapa kenging tinakon ||

9. sampun dadi wong agung | Kudanawarsa alon sumaur | inggih lamun liyan sampeyan tan kêni | mara aturana gupuh | si adhi têmu lan ingong ||

10. sigra ngaturan wau | marang Kudanawarsa Tumênggung | Adipati Suryanagara lumaris | wus panggih lan Ki Tumênggung | Kudanawarsa lingnyalon ||

11. gih adhi milanipun | kula aturi kèndêl rumuhun | de ramanta punika arsa pêpanggih | Dipati Pathi rumuhun | nêdya sowan ing sang katong ||

12. dadya kagyat anjumbul | ing sêmu langkung dènira tambuh | dharakalan Dipati Suryanagari | murugi arsa angujung | Dyan Mangunonêng agupoh ||

13. nampik pangujungipun | akipa-kipa panyêgahipun | sampun-sampun pun anak inggih samangkin | môngka sipating kaprabun | samya salaman kemawon ||

14. eram dènira dulu | Ki Mangunonêng [Mangu...]

--- 60 ---

[...nonêng] busananipun | sabalane Dipati Suryanagari | lir wong Japara kang tuduh | mubyare miwah kèhing wong ||

15. alon dènira muwus | adhi dahat anggèn kula ngungun | botên dugi tibane Pajang Matawis | Suryanagara nak ingsun | sami lan wadananingong ||

16. duk arjaning prajagung | kula nèng Pathi dadya tumênggung | anyarêngi Citrasoma Adipati | seba ing garêbêg Mulud | kèhing wadya busana byor ||

17. Japara limang èwu | gunging bala myang busananipun | sami ugi lawan anak adipati | têka tan kêna winuwus | darajat parêk lan katong ||

18. pun anak kalih èwu | sabin Mataram lêlênggahipun | tinimbanga kawan èwu ing pasisir | katone ingkang dinulu | kathah ngriki karabing wong ||

19. prapta jodhangan sêlur | ing wanci wus ngajêngakên bêdhug | wontên jodhang sèkêt wus kinèn umiring | ing Prambanan badhenipun | kèndêl dhaharan ing kono ||

20. lajêng katri wong agung | praptèng Prambanan lêrêp sadarum | lajêng sami dhaharan Suryanagari | anuli wisan rumuhun | mring Danawarsa lingnyalon ||

21. inggih kakang tumênggung | kapasang yogya angiras laku | dhèrèkakên dhatêng uwa Adipati | Kudanawarsa Tumênggung | sumaur barêng lan ingong ||

22. datan kawarnèng dalu | timbalanira wau sang prabu | kadya mêthuk sami kinèn mêdal wingking | api-api alêlaku | angaku saking kinongkon ||

23. kathah para tumênggung | samya

--- 61 ---

binijig kang bagus-bagus | wontên nyatus kalih bêlah kang umiring | kang munggèng turôngga ngayun | banderanira nyajodho ||

24. lajêng prasamya tumut | ngiring Kudanawarsa puniku | lan angiring Suryanagara Dipati | ing marga datan winuwus | paminggir nagara katong ||

25. agabag kang wismagung | kang jinujug ing pakuwonipun | Adipati Pugêr sigra marentahi | wetane pakuwonipun | Ki Tumênggung Gajahbarong ||

26. suwung duk kalih dalu | dhatêng Pagêlèn pan kesah bantu | sampun katur sang nata wau kang prapti | kinèndêlakên sadalu | lan Pugêr kangên patêmon ||

27. bawa rasa sadalu | tutur-tinutur pratingkahipun | samya ngungun-ngungune sadaya sami | duk anèng Batawinipun | lami kinarya gêloco ||

28. enjing binêkta sampun | seba maring sira mantri ngayun | Jêng Pangeran Dipati Mangkunagari | nuju samya ngabên sawung | nèng pasowan ngajêng regol ||

29. korine tundha têlu | longkanging kori anyamut-nyamut | salawange nênêm pasebane sami | kêbak gêgaman prang pupuh | miwah sagunge panganggo ||

30. Mangunonêng gya laju | marang pangeran arsa angujung | nanging pangran datan arsa dèn ujungi | wus tata dènira lungguh | kang samya nêmoni dhayoh ||

31. saking wadhag ing laku | Ki Mangunonêng lajêng umatur | dhuh pangeran prapta kawula puniki | dhatêng Kumpêni angapus | sinung karya kula sagoh ||

32. bêndara batin ulun |

--- 62 ---

mung amrih luwar saking ingukum | botên sêja sumungkêm dhatêng Kumpêni | ywa kongsi kabanjur-banjur | gèn amba dados galoco ||

33. mangke badan pukulun | amung sêca sumungkêm trus kalbu | mring paduka tuwin rama padukaji | pêjah gesang ulun katur | tan darbe paningal mangro ||

34. pangeran lon sumaur | lah pintên banggi paman ing atur | bok dhinahar ing kangjêng sri narapati | miwah kônca kang biyantu | ing atur dhatêng sang katong ||

35. nging paman kula tutur | ratu kula ing wêwatakipun | luput pisan kêna pisan ing prakawis | saking ambêk lurus têrus | botên watak mirang-mirong ||

36. sabda kang wus kawêtu | rinungkêban nadyan dadi bubuk | Mangunonêng miyarsa tyasira alit | wantu lèrès manahipun | dadya datan bisa golong ||

37. angetan lan angidul | pangeran malih ngandika arum | benjing-enjing kula matur ing sang aji | bok pinarêng bêgjanipun | tinarima ing sang katong ||

38. wanci pukul sapuluh | pangeran sigra dènnya mêmundhut | pira-pira sêsaosan kang umijil | dhahar lan para tumênggung | akaton guyup gumolong ||

39. lajêng prasami nginum | lajêng umadêg talèdhèkipun | Mangunonêng ngaturkên talèdhèk kalih | anyaran ing angsalipun | saking pasisir bang kulon ||

40. angrêrangin karungu | gamêlanira kêplok gumuruh | rame sênggak sagung ingkang pra bupati | bubarira wanci surup | Mangunonêng amakuwon ||

41. laju [la...]

--- 63 ---

[...ju] ngupaya sawung | pêksi kêmiri gêmak ingadu | pra punggawa Mataram kèh kang ngasungi | dadya sukane kalangkung | ing sabên dalu among toh ||

42. asuka-suka nutug | lali dosane yèn tumpuk sungsun | apan uwis dadi gantungane pati | ngandêlkên prasêtyanipun | kang sampun kapungkur adoh ||

43. pangran wêlas andulu | dadya umatur ing rama prabu | nyuwunakên Mangunonêng uripnèki | kang rama andikanipun | hèh kulup aja mangkono ||

44. iya ing sêdyaningsun | sun uripi nanging sun angrungu | timbalane iya ramakamu swargi | dêstun têmên arêp wêruh | tyase Mangunonêng ingong ||

45. kaya pa rupanipun | dene kaliwat piangkuhipun | nora kongsi kalakon sang nata nguni | iya wus kasêlak surut | mêngko kaparêng kalakon ||

46. nglêstarèkakên ingsun | ing kadang tuwa pratignyanipun | lan kang Pugêr bangêt ture marang mami | yèn nguripana wong iku | nèng bumi akarya kêthoh ||

47. pangeran nêmbah matur | inggih wontên tiyang ingkang tutur | WilatiknaWilatikta. TumêngguTumênggung. Blora nagari | ing saguthit-guthitipun | ing cipta sayêkti awon ||

48. ngandika sang aprabu | ing besuk Sênèn iku sun lampus | sigra nêmbah Pangeran Mangkunagari | wus mêdal saking kadhatun | amangsit mantrine jêro ||

49. prapta sêmayanipun | ing dina Sênèn dalu pinikut | Mangunonêng balane wus dèn awêri |

--- 64 ---

miwah rajabrananipun | cinacah ing têmbang Sinom ||

58. Sinom

1. anuju ing dina Soma | sri naranata tinangkil | aglar ingkang pra bupatya | satriya myang para mantri | jêjêl ing pôncaniti | nênggih wau sang aprabu | munggèng amparan dênta | tuwan kalih munggèng kursi | Sayid Yusup lan Sayid Ngabdul Rahêman ||

2. sri narendra angandika | iya kulup adipati | lêlaran sira saosna | sandika pangran wotsari | nolih ngetan ngêjèpi | ing lêlurah Martalulut | Ngabèi Nayagarwa | sakancane wus nampèni | pêdhang dalêm binakta mring palênggahan ||

3. Mangunonêng gya tinuwak | ing pêdhang sampun ngêmasi | sri bupati angandika | iya kulup adipati | Si Mangunonêng iki | dosane ngorakkên ratu | majanani nagara | angracut saraking nabi | duk Pacina ing tingkah sawênang-wênang ||

4. wus angrasa nora nana | taliti Rajèng Matawis | ing solah tanaganira | tan patut tinon ing janmi | lir Rabusamawati | lali yèn dadine uyuh | mêngko kang duwe gugat | ana ingkang angungkuli | berat marang gêgêlah rêgêding jagat ||

5. awit dene wus mupakat | Mangunonêng ukum pati | tur sêmbah wau kang putra | Pangeran Mangkunagari | nolèh ing pra bupati | sadaya asaur manuk | dene têtilarira | Pugêr ingkang dèn pasrahi | mung wanodya juga panêmbang badhaya ||

--- 65 ---

6. pinundhut marang narendra | nama Nyai Manarêsmi | wus misuwur sanagara | yèn Mangunonêng ngêmasi | warta praptèng Samawis | kapiyarsa ing gupêrnur | dahat pangungunira | utusan marang Batawi | tur uninga ing tuwan gurnadur jendral ||

43. Tumênggung Ônggawôngsa sarta Cakrajaya kawêdalakên saking Surakarta, wangsul dhatêng Pagêlèn

7. yèn Mangunonêng lampahnya | dinuta dening Kumpêni | kacêthikan wus kinarya | lunas anèng ing Matawis | nêngna kang sampun lalis | cinatur malih Gupêrnur | Samarang atur sêrat | ing kangjêng prabu taruni | wadanane wong sèwu lan numbakanyar ||

8. Dyan Tumênggung Ônggawôngsa | miwah Cakrajaya nami | kasuwun dèn wêdalêna | dhatêng Pagêlèn anuli | ambêktaa Kumpêni | ing Pagêlèn kinon ngrêbut | sawusnya tampi sêrat | wau kangjêng sri bupati | animbali Ônggawôngsa Cakrajaya ||

9. dhawuh dalêm sri narendra | hèh sira wadana kalih | sun duta anglurugana | krama nèng Pagêlèn nagri | mêtua ing Samawis | ngatas aparentahipun | bapa Gupnur Samarang | sandika bupati kalih | mêdal saking pura amundhi nawala ||

10. lajêng mring loji wus panggya | Oprup Totlomondo angling | benjang punapa angkatnya | sudara mêdal Samawis |

--- 66 ---

bupati kalih angling | inggih tuwan sesuk-esuk | Totlomondo manabda | kula inggih kintun tulis | layang kula pratela anunggal karsa ||

11. lawan ijoan kawula | sudara sami ngawruhi | kaanane Surakarta | tan wontên wong bisa bukti | dhinêsêkan kering |Kurang satu suku kata: dhinêsêkakên kering. pinêpêtan dening mungsuh | tan ana bisa nôngga | repot têdhaking Kumpêni | kang peparing amung kangjêng sri pamasa ||

12. lamun botên tinulunga | inggih karsaning Kumpêni | sajroning taun punika | sayekti wong cilik atis | apa kang dèn ratoni | tan ana manusanipun | sintên kang nanggi karya | ing raja miwah Kumpêni | gih punapa gawe ratu siya-siya ||

13. bupati kalih pamitan | ambêkta sêrat kêkalih | srate oprup lan sang nata | sapraptaning wisma sami | ngundhangi para mantri | numbakanyar lawan sèwu | kêrig saanak rayat | pra mantri Pagêlèn sami | nora ana ngingu bêbêt rêrangkêpan ||

14. ing Sêtu Wage umangkat | salawe Rabingulakir | maksih nunggal taunira | jumênêng dalêm sang aji | ing marga tan winarni | tigang dalu praptanipun | nagara ing Samarang | lawan gupêrnur wus panggih | têtabean surat kalih wus tinampan ||

15. wus winaos ingurmatan | mariyêm mawanti-wanti | gupnur alon wuwusira | sudara bupati kalih | ngantia limang bêngi | kula nimbali rumuhun | kanthine saudara | Tuwan Potêr Bayalali | lawan gawa soldhadhune [soldhadhu...]

--- 67 ---

[...ne] tigang dasa ||

16. kumêpyur wau tyasira | wau bupati kêkalih | Ônggawôngsa Cakrajaya | têmbungnya manis aririh | tuwan kalamun kenging | kawula adarbe atur | Kumpêni tigang dasa | punika inggih manawi | kêkathahên ing lampah dèrèng kantênan ||

17. têmah manawi kapiran | inggih têdhaning Kumpêni | sawab Pagêlèn sadaya | wus kêni dhatêng Matawis | pinartiga samangkin | kang darbe pangeranipun | sami wismèng Mataram | kang têngga Pagêlèn inggih | amung kêdhik para mantri pêpacêkan ||

18. yèn sampun kantênan wawrat | prange wong Pagêlèn benjing | kula anuntên kengkenan | minta bantu ing Kumpêni | kalangkung prêlu mangkin | prayogi tuwan akintun | sêrat mring sudaranta | Bupati Banyumas pinrih | angatêrna dhatêng ing lampah kawula ||

19. gupnur mèsêm wuwusira | inggih sudara prayogi | lawan Bupati Banyumas | sampun ambêkta Kumpêni | katiga kopralnèki | pangagênge Kopral Jakup | dika pênêt ambêkta | katiga tumênggung siji | dadya nênêm soldhat sareyan satunggal ||

20. namung ing têmbe kewala | kalamun bantu prajurit | kula akintun sareyan | Potêr ingkang anindhihi | gupêrnur marentahi | sareyan Rèke tinuduh | nênêm soldhadhunira | sêrat sampun dèn tampèni | ingkang dhawuh maring Bupati Banyumas ||

21. wus mangkat saking Samarang | wau bupati kêkalih | Ônggawôngsa Cakrajaya |

--- 68 ---

sareyan Rèke tan kari | nênêm soldhadhunèki | kapitu sareyanipun | kang dadya tindhihira | rêrêp anèng Lèpèntangi | enjing budhal ing Walèri kèndêlira ||

22. enjing budhal kajawahan | rêmbên lampahing Kumpêni | dhinaratakên kewala | wau bupati kêkalih | tan sagêt sung turanggi | langkung repot lampahipun | sapraptanirèng Batang | gènira kèndêl sawêngi | enjing mangkat kèndêl nagri Pakalongan ||

23. Adipati Jayaningrat | kang ngandhêg ing kalih latri | badhe anyaosi tundhan | lawan amrênahkên margi | kang bênêr enggal prapti | ing Pakalongan mangidul | jog Têrsana Têmpuran | angilèn ngidul jognèki | ing Lêlêdhok lajênga prapta gènira ||

24. bupati nagri Banyumas | wau dènnya pacak baris | wontên Sêgaluh samana | tapêl watêse kang bumi | Banyumas kang nagari | watês kang wetan Sêgaluh | wus dadya rêmbagira | anut bupati kêkalih | ing rêmbage Adipati Jayaningrat ||

25. sinung pakuwon pinrênah | wau wong agung kêkalih | sajawine paregolan | ing paseban kanan kering | Kumpêni dèn paringi | jroning paregolanipun | langkung sinuba-suba | dening Radyan Adipati | Jayaningrat sagunging têtamunira ||

26. sadalu nutug kasukan | badhayan sang adipati | ngrêrangin punang gamêlan | bubarira pukul katri | enjing malih winarni | pukul [puku...]

--- 69 ---

[...l] satêngah sapuluh | tamu samya ngaturan | sareyan Rèke wus prapti | sêsaosan wus aglar badhe dhaharan ||

27. Dyan Tumênggung Cakrajaya | wus prapta atata linggih | Dyan Tumênggung Ônggawôngsa | pamit apawadan sakit | kinèn mêksa mindhoni | dipati parentahipun | warahên binêtahna | ingsun antèni abukti | mêksa mopo Dyan Tumênggung Ônggawôngsa ||

28. katur ing pamoponira | duk miyarsa sang dipati | jaja bang rah sumarambah | mawinga-winga mawêngis | kocak tirahing lathi | angada-ada kumêdut | ngadêg suraning driya | angandika marang cèthi | jupukêna kêris ingsun si gupita ||

29. kang garwa kagyat ana pa | mundhut si gupita iki | santanane tinimbalan | para ipe sami prapti | dhuwunge sampun prapti | ningsêti paningsêtipun | angling marang sareyan | Rèke undangên pribadi | lara apa ing mau latri kasukan ||

30. apan iku lara awad | gêdhèkkên piangkuhnèki | dupèh punggawaning raja | mangan dadak dèn timbali | yèn ora dèn aturi | rampadan ing sabên esuk | apa lali yèn ingwang | iya dudu wong pasisir | Si Supama iya trah Rajèng Mataram ||

31. kang nothoki dhase padha | kakèkne buyute dhingin | sareyan Rèke uninga | dahat bênduning dipati | mêdal ing pondhoknèki | angrapu Radyan Tumênggung | Ônggawôngsa gya mara | wus kapanggih lan dipati | sru ngandika Adipati

--- 70 ---

Jayaningrat ||

32. hèh Tumênggung Ônggawôngsa | mamak langar sun arani | jampêng ingsun iki apa | iya wêwêton pasisir | dudu trahing Matawis | dene mêngkono angkuhmu | ingong kok kira-kira | cêcêdhis kaya sirèki | iya dudu anake Natakusuma ||

33. sawusira nguman-uman | wau sira Sang Dipati | Jayaningrat sigra nyandhak | cowèk nyambêlan nèng ngarsi | langkung dènira runtik | cowèk ginutukkên gupuh | maring Dyan Ônggawôngsa | kêni alise kang kering | dyan tumênggung panggah tan sêgu tan obah ||

34. Dyan Dipati Jayaningrat | sigra dènira nyumbari | payo kene Ônggawôngsa | angayoni parikêsit | mèh tindak sang dipati | anyêkêl ukiranipun | kang garwa sigra nyandhak | sareyan Rèke marani | angrêrêpa langkung manis aturira ||

35. jangan tuwan kêras gusar | Ônggawôngsa orang kêcil | tuwan trah Rajèng Mataram | lah mêmbri ampunan baik | Rèke wacana aris | mring Cakrajaya Tumênggung | marilah Cakrajaya | Ônggawôngsa ajak pigi | jangan sampe kliyatan tuwan dipatya ||

36. Ônggawôngsa ngajak mêdal | Cakrajaya kang umiring | ngaso mring pakuwonira | tan adangu samya prapti | para ipe dipati | amanggihi kang binêndu | muwus aparikêna | yèn èstua dados galih | amradata Dyan Tumênggung Ônggawôngsa ||

37. sayêktine sang dipatya | labuh rêrêmpon [rêrêmpo...]

--- 71 ---

[...n] nagari | dadia bubuk tinêmah | nagri Pakalongan iki | santana labuh pati | langkung saking kawan atus | wadyane kang cinêlak | sayêktine mèlu mati | wolung atus malah kapara langkunga ||

38. Rèke tansah angrêrêpa | ture marang sang dipati | mugi tuwan ngapuntêna | Gawôngsa gène tan prapti | punika datan saking | ngandêlkên punggawèng ratu | Sang Prabu Surakarta | dumèh bupati nagari | andhirèkkên dhatêng ing sariranira ||

39. miwah lamun angrasaa | lingsêm paduka timbali | sayêkti dede punika | inggih ingkang dados galih | kula purun nanggoni | ing warta watêkanipun | Tumênggung Ônggawôngsa | wantu wong lagya prihatin | sugih manah sawêg kêkathahên susah ||

40. sanès kalih Cakrajaya | ayêman tan sugih pikir | mila tan mawi suwala | Ônggawôngsa tyase mintir | mudhêng dhatêng prakawis | wiwite dadi tumênggung | sangêt ing kamlaratan | lamine wontên nagari | sakancane sami kirang sandhang pangan ||

41. miwah dandosaning aprang | labêt ing Pagêlèn mangkin | têlas wus kenging ing mêngsah | kadugi yèn pintên banggi | sagêda angantuki | narupkên santananipun | dadya putêking manah | badan lungkrah têmah sakit | mung punika datan wontên liyanira ||

42. mila mung ngapuntên tuwan | sang dipati duk miyarsi | lêga tyasira wus lêjar | sirna saksêriking galih | mangsuli sang dipati | saka liwat niyat ingsun | nanging antêpên uga |

--- 72 ---

nêdya ala apa bêcik | lawan ingsun apa sêdyane sun sarah ||

43. Dyan Tumênggung Cakrajaya | lan sareyan Rèke sami | mituturi Ônggawôngsa | ing tyas wus samya pinanggih | linabuh ingkang lali | lêluput padha rinacut | eling aja kapalang | kang kari pinacak bêcik | wus pinulih luwih malih saking lama ||

44. wus rêmbag ing angkatira | dyan dipati anyangoni | bupati kêkalihira | ngalih atus reyal anggris | sareyan dèn sangoni | inggih ugi kalih atus | bupati kalih pisan | warata kancane mantri | sami ngalêm lomane langkung narima ||

45. Kumpêni sinungan tundhan | sarta mantri tuduh margi | mangkat saking Pakalongan | angidul bênêr saari | minggah ing ardi rumpil | Pakalongan kidulipun | anjog ing tanah Banjar | sipêng sadalu anuli | enjingipun prapta Pamrêdèn nagara ||

46. lajeng prapta pabarisan | Sigaluh ênggèning baris | Tumênggung Yudanagara | urmat mêthukkên mring jawi | asêsalaman sami | lawan kêkalih tumênggung | tabean lan sareyan | kinanthi manjingirèki | pamondhokan wus samya tata alênggah ||

47. sareyan Rèke asigra | anampèkakên kintèki | saking Gupêrnur Samarang | tinampan tinupiksaglis | kadriya punang tulis | Yudanagara amuwus | kula aminta inah | inggih sapêkên puniki | kula ngêrig wong Batu kang wontên desa ||

48. punika [puni...]

--- 73 ---

[...ka] gupnur parentah | ngatêrna pun kakang kalih | kondur mring Pagêlèn praja | nauri bupati kalih | kula punika yayi | sumôngga ing karsanipun | angantosi sawulan | tan darbe bawa wak mami | sakarsane yayi mung anut kewala ||

49. lagya angsal tigang dina | nuntên wontên surat prapti | kang saking Gupnur Samarang | yèn sareyan Rèke mangkin | winisudha Kumpêni | pangkat kumêndhaning laku | Jakup minggah sareyan | kang wontên Toyamas lami | kinumpulkên dadya Kumpêni sadaya ||

50. kalawan Kumpêni Islam | salawe kang lagya prapti | sawusnya praptèng samaya | budhale bupati katri | ing Panjêr Ngayah Pasir | Banjar Mardèn Dhayaluhur | pra ramya urun bala | banderane warni-warni | wadya agêng barise lampah pucungan ||

59. PocungTeks asli: Pucung.

1. anèng ngarsa mantri numbakanyar sèwu | Kumpêni ing têngah | dene kang munggèng ing wuri | sakancane Tumênggung Yudanagara ||

2. baris agung wus angancik Kaliwungu | nulya jog ing Roma | tan ana ingkang ngawali | para mantri balane para pangeran ||

3. samya mirut tan ana ingkang amêthuk | mung atur uninga | gustine wontên Matawis | wong Pagêlèn samya wisma Kabanaran ||

4. lampahipun ing Pagêlèn sampun rawuh | rawuh Jampisalam | tigang dalu lajêng malih | wus angetan prapta dhusun Jagabaya ||

5. Dyan Tumênggung Yudanagara gya wangsul | kondur mring Toyamas | kumêndhan Rèke kang kari | dyan tumênggung

--- 74 ---

kalih tata pabitingan ||

6. Dyan Tumênggung Ônggawôngsa ingkang kidul | kang lèr Cakrajaya | sawadyane kang ngênggèni | Kumpênine tumut kidul ênggènira ||

7. wus angumpul mantri numbakanyar sèwu | sami mêntas susah | musakat anèng nagari | mangke sami asrêp pêdhak desanira ||

8. dhusunipun pêdhak lèpên ginalugu | dene kalantaka | pinasang rinakit nginggil | wus santosa kumpule arahan kathah ||

44. Wadyabala Kumpêni campuh kaliyan wadyabala Kabanaran, wontên ing Banyudana (Bayalali)

9. dandanan gung polatan ing luhuripun | kunêng kang atêngga | Pagêlèn wus pacak baris | kawuwusa Gupêrnur Nagri Samarang ||

10. karsanipun angawaki ing prang pupuh | arsa nyirnakêna | mungsuh jroning taun Alip | pan angêrig sagung prajurit Madura ||

11. duk puniku panêmbahan datan rawuh | kapambêngan gêrah | dadya amung atur sulih | pêpatihe Mas Riya Môncanagara ||

12. pitung èwu cacahing prajuritipun | tindhih pra santana | kang samya wantêr ing jurit | aran Radèn Apanji Dipanagara ||

13. kang pinangku tumbaking prajuritipun | binang kapurancak | tumpêr ingas lan bung pacing | sisih Radèn Apanji Sumanagara ||

14. malihipun Panji Suranata Bagus | ingkang [ing...]

--- 75 ---

[...kang] winêngkonan | tumbak sulam lan gêrandim | ana wrêgu endhe têlorong lan kantar ||

15. kawan atus saragêni krêbinipun | de têtindhihira | aran Panji Kartasari | Kartayuda pulunannya panêmbahan ||

16. ênêm atus sragêni bayinètipun | pra ipe têtiga | ingkang samya anindhihi | sêsêpuhe Apanji Purwadipura ||

17. praptanipun Samarang prajurit agung | gupnur pêparentah | Mayor Kèngsêr Senapati | kawan atus Walônda kang tinindhihan ||

18. kalih atus kathahing dragundêripun | kalih atus dharat | wolung atus Bugis Bali | pra bupati pasisir ingkang lumampah ||

19. Dêmak Kudus Batang Kêndhal Kaliwungu | wus samêkta budhal | gupêrnur saking Samawis | bêkta mriyêm sakawan tiktak sakawan ||

20. ari Sabtu lampahe gêgaman agung | kadya wukir kobar | prajurit mawarni-warni | anglir alun gumulung agêgolongan ||

21. munggèng ngayun wong Madura lampahipun | kèndêl ing Ungaran | salatri enjing lumaris | nulya lêrêm malih anèng Salatiga ||

22. lajêngipun nèng Bayalali sadalu | wontên dutanira | Rôngga Bupati Samawis | akêkintun mring Sang Prabu Kabanaran ||

23. lampahipun amor lawan baris agung | duk saking Samarang | badhe nyimpang Bayalali | kawênangan bature Aryendranata ||

24. sêratipun myang obat mimis sapikul | pan sampun ingagrak | gupnur bêndune tan sipi | Mayor [Ma...]

--- 76 ---

[...yor] Kèngsêr pinasrahan pangawasa ||

25. kinèn laju kèndêl Toyadana dhusun | aja lunga-lunga | besuk angêntèni mami | jêjaganga sira anèng Banyudana ||

26. iya lamun sira tinêkanan mungsuh | aja na pêpeka | abot prange Mangkubumi | wus cinêkêl wau dutane Mas Rôngga ||

27. gupnur wangsul mring Samarang baris laju | praptèng Banyudana | prajurit Madura wiwit | angrêrayah ngobong-obèngingobong-obongi. padesan ||

28. barisipun tinata pakuwonipun | pring gêdhèg kinarya | kêkayon kang dèn têgori | rêrakite prasami cinara jagang ||

29. kunêng wau kang para mantri pangayun | samyatur uninga | maring Kabanaran nagri | lamun wontên mêngsah agêng Banyudana ||

30. twan gupêrnur ambêkta Walandi sèwu | kaduk loking warta | yêktine gunggung prajurit | Bugis Bali Wlônda Jawa myang Madura ||

31. pitung èwu aliya sêsikêpipun | pra Panji Madura | kang ngrêmbat ngiras prajurit | dadya lawan sikêp gunggunge salêksa ||

32. karsanipun sri narendra arsa mêthuk | wus gilig sadaya | santana lan pra bupati | amung kantun amanah rakiting gêlar ||

33. sang aprabu pangandikanira arum | paran rêmbugira | kulup lan kakang dipati | gêlar apa iku kang pantês kanggoa ||

34. yèn sirèku nganggo dumuk angun-angun | sagung mungsuhira | Kumpeni apacak biting | tan pakolèh lamun gêlara candrasa ||

35. iya lamun agêlara gajahbangun | saya

--- 77 ---

tan prayoga | yèn kinarya kagapati | miwah brajatisna lungit tan prayoga ||

36. nêmbah matur pangran mung anut sadhawuh | sumôngga ing karsa | kawula darma nglampahi | kakang Pugêr paran baya budinira ||

37. Pugêr matur lamun suwawi pukulun | inggih pinartiga | dhadhap pangawate kalih | adarbea inggih gêlar sowang-sowang ||

38. kiwanipun nganggoa candrasa patut | kang têngên punika | anganggea kagapati | ingkang dhadha angangge êmprit anêba ||

39. watêkipun ingkang candrasa atêpung | kadya grudhanglayang | kagapati têpung ugi | sri narendra pinuju mangayubagya ||

40. sira kulup ana têtêngên ênggonmu | dadia wak-awak | kang Pugêr sabêtirèki | akanthia Dipati Suryanagara ||

41. lan wong Warung Balora ingkang pinangku | dene ingkang kiwa | dhimas Pangran Singasari | sabêtira dhimas Pangran Purubaya ||

42. Si Tumênggung Janapura rowangipun | lan Jayanagara | Si Mangkudiningrat sami | anunggala gunggunga gêlar candrasa ||

43. iya kulup Kudanawarsa Tumênggung | ana kiwanira | pakolèhe cakêt mami | sun jagani bok kuwur sapangkonira ||

44. dadya ingsun nora adoh atêtulung | bisa kobêr nata | rusake pêpangkon mami | anadene kakang mas Adiwijaya ||

45. wuriningsun pangungsène wong kang lêsu | lawan anyandhinga | jun gênthong kang isi warih | awit kulon Ngasêm kaline tan ana ||

46. têngên iku kaline Pepe

--- 78 ---

wus cukup | pangawak kang kiwa | pan iya kaline Pêngging | dèn prayitna mungsuhmu padha prawira ||

47. wit mungsuhmu wong Madura luwih sèwu | warta pitung nambang | sapa kêlar anadhahi | lamun ora lawan pitulunging Suksma ||

48. iku durung ngetung prajurite jagul | lawan wong Walônda | Bugis Makasar myang Bali | pra bupati pasisir mèh kêkêrigan ||

49. iya kulup sira budhala rumuhun | lan sawadyanira | dadya lumaku sarênti | barêng kakang Pugêr myang Suryanagara ||

50. dèn lumintu budhal saking alun-alun | dhimas Mangkusuma | miwah kakang mas Suryadi | angulona ing Pagêlèn padhangêna ||

51. ingkang kukuh ywa kèguh katêkan mungsuh | lamun padha Jawa | awit dene mungsuh iki | ingkang gêdhe wus golong nèng Banyudana ||

52. dadi iku katri bupati ing Kêdhu | kakang Mangkupraja | Kartayuda lawan malih | Si Tumênggung Wiraguna ingsun gawa ||

53. rêmbag rampung kondur ngadhaton sang prabu | sagung pra bupatya | santana bubaran sami | samya tata samaktaning magut yuda ||

54. wadya agung enjing baris ngalun-alun | atarab balabar | sawusnya miyos sang aji | pra wong agung angabêkti lajêng budhal ||

55. barisipun apindha wana wun-awun | têtêg asauran | gong bèri bêndhe tinitir | warna-warna busanane wadyabala ||

56. ana wungu irèng abang kuning dadu | abra amarkata | lir pendah kang wukir sari | panganjure Dipati Suryanagara ||

57. pêndhak esuk [e...]

--- 79 ---

[...suk] budhal Pangran Singasantun | Pangran Purubaya | miwah sagung pra bupati | panganjure Tumênggung Jayanagara ||

58. kang rumuhun samya kèndêl ing Kalêpu | wau Sang Dipatya | Suryanagara wus rakit | sabalane pacak baris ing Drêsanan ||

59. duk puniku Mangkunagara wus rawuh | anèng desa Mudal | ngrakit pasanggrahan aji | pan kajujul bala ing wuri gung prapta ||

60. enjingipun budhal malih kang wadyagung | Pangran Purubaya | miwah sagung pra bupati | rêrêp Mudal cinatur kang anèng wuntat ||

61. sang aprabu jêngkar saking prajanipun | ngayap wadyabala | têtindhih kapat bupati | Jayadirja Mas Rôngga Wirasantika ||

62. tiganipun Dyan Wiradigda Tumênggung | kapat Môndaraka | dene bupati kang miji | datan têbih têdhak dalêm jêng sri nata ||

63. Dyan Tumênggung Wratmôka myang Singaranu | Sindusastra lawan | Tumênggung Rêksanagari | kalimane Tumênggung Ranadiningrat ||

64. sang aprabu wusnya rawuh mêdal dhusun | mundhut palapuran | cacah wadyaning bupati | miwah wadyanira kang para pangeran ||

Lajêng nyandhak jilid 7.

--- [0] ---

Isinipun

... Kaca

40. Pangeran Mangkubumi jumênêng nata wontên ing Ngayogyakarta. Sinuhun Pakubuwana II sèlèh kaprabon dhatêng putra, Pangeran Adipati Anom ... 13

41. Wadyabala Kumpêni ngungsir Pangeran Mangkubumi, campuh wontên ing rêdi Tidhar, lajêng madêg karaton ing Kabanaran ... 37

42. Mangunonêng, utusanipun Kumpêni dipun pêjahi wontên ing Kabanaran ... 50

43. Tumênggung Hônggawôngsa sarta Cakrajaya kawêdalakên saking Surakarta, wangsul dhatêng Pagêlèn ... 65

44. Wadyabala Kumpêni campuh kalihan wadyabala Kabanaran wontên ing Banyudana (Bayalali) ... 74