Sastra Jawa

Program Digitalisasi Sastra Daerah

  • Increase font size
  • Default font size
  • Decrease font size

Babad Giyanti, Balai Pustaka, 1937-39, #985 (Jilid 07)

Katalog:Babad Giyanti, Balai Pustaka, 1937-39, #985
Sambung:
1.Babad Giyanti, Balai Pustaka, 1937-39, #985 (Jilid 01). Kisah, Cerita dan Kronikal | Babad Giyanti #1061.
2.Babad Giyanti, Balai Pustaka, 1937-39, #985 (Jilid 02). Kisah, Cerita dan Kronikal | Babad Giyanti #1062.
3.Babad Giyanti, Balai Pustaka, 1937-39, #985 (Jilid 03) . Kisah, Cerita dan Kronikal | Babad Giyanti #1063.
4.Babad Giyanti, Balai Pustaka, 1937-39, #985 (Jilid 04). Kisah, Cerita dan Kronikal | Babad Giyanti #1064.
5.Babad Giyanti, Balai Pustaka, 1937-39, #985 (Jilid 05). Kisah, Cerita dan Kronikal | Babad Giyanti #1065.
6.Babad Giyanti, Balai Pustaka, 1937-39, #985 (Jilid 06) . Kisah, Cerita dan Kronikal | Babad Giyanti #1066.
7.Babad Giyanti, Balai Pustaka, 1937-39, #985 (Jilid 07). Kisah, Cerita dan Kronikal | Babad Giyanti #1067.
8.Babad Giyanti, Balai Pustaka, 1937-39, #985 (Jilid 08) . Kisah, Cerita dan Kronikal | Babad Giyanti #1068.
9.Babad Giyanti, Balai Pustaka, 1937-39, #985 (Jilid 09). Kisah, Cerita dan Kronikal | Babad Giyanti #1069.
10.Babad Giyanti, Balai Pustaka, 1937-39, #985 (Jilid 10). Kisah, Cerita dan Kronikal | Babad Giyanti #1070.
11.Babad Giyanti, Balai Pustaka, 1937-39, #985 (Jilid 11) . Kisah, Cerita dan Kronikal | Babad Giyanti #1071.
12.Babad Giyanti, Balai Pustaka, 1937-39, #985 (Jilid 12). Kisah, Cerita dan Kronikal | Babad Giyanti #1072.
13.Babad Giyanti, Balai Pustaka, 1937-39, #985 (Jilid 13) . Kisah, Cerita dan Kronikal | Babad Giyanti #1073.
14.Babad Giyanti, Balai Pustaka, 1937-39, #985 (Jilid 14) . Kisah, Cerita dan Kronikal | Babad Giyanti #1074.
15.Babad Giyanti, Balai Pustaka, 1937-39, #985 (Jilid 15) . Kisah, Cerita dan Kronikal | Babad Giyanti #1075.
16.Babad Giyanti, Balai Pustaka, 1937-39, #985 (Jilid 16). Kisah, Cerita dan Kronikal | Babad Giyanti #1076.
17.Babad Giyanti, Balai Pustaka, 1937-39, #985 (Jilid 17). Kisah, Cerita dan Kronikal | Babad Giyanti #1077.
18.Babad Giyanti, Balai Pustaka, 1937-39, #985 (Jilid 18). Kisah, Cerita dan Kronikal | Babad Giyanti #1078.
19.Babad Giyanti, Balai Pustaka, 1937-39, #985 (Jilid 19). Kisah, Cerita dan Kronikal | Babad Giyanti #1079.
20.Babad Giyanti, Balai Pustaka, 1937-39, #985 (Jilid 20). Kisah, Cerita dan Kronikal | Babad Giyanti #1080.
21.Babad Giyanti, Balai Pustaka, 1937-39, #985 (Jilid 21). Kisah, Cerita dan Kronikal | Babad Giyanti #1081.

Serie No. 1259f

Babad Giyanti

Anggitanipun Radèn Ngabèi Yasadipura I ing Surakarta.

Jilid 7.

Bale Pustaka - 1937 - Batawi Sèntrêm.

--- [2] ---

Wêwênangipun ingkang ngarang kaayoman miturut anggêr ingkang kapacak ing sêtatsêblad 1912 No. 600.

--- [3] ---

Wadyabala Kumpêni campuh kalihan wadyabala Kabanaran wontên ing Banyudana (Bayalali).§ Miturut babon ingkang sumimpên ing Kon. Bat. Gen. v. K. en W.

65. kêmpalipun kang wahana kuda gunggung | salêksa rong dhomas | kang dharat datanpa wilis | dene praboting yuda kang cinarita ||

66. cacahipun kang bandera kawan atus | langkung wolung dasa | bêndhe bèri tanpa wilis | kodhokngorèk tiga carabalèn sanga ||

67. tamburipun lawan suling kawan atus | têtêge sakawan | samana jêng sri bupati | wusnya tampi lapuran dahat tan nyana ||

68. inggih lamun samantên kèhe wadyagung | dadya anêlôngsa | suka sukur ing Hyang Widi | gènnya sampun tampi sih nugrahaning Hyang ||

69. ngandikarum mring Jayadirja Tumênggung | kalawan Mas Rôngga | akèh wadyaningsun iki | lagi mêngko sun wêruh untabing bala ||

70. nanging ingsun tansah mêlang jroning kalbu | bêcik kang anyêngka | lan sinêngka wong ajurit | sapa wêruh iya dadine ngayuda ||

71. yêkti lamun gumantung karsèng Hyang Agung | kawula mung darma | mangkana sri narapati | pêparentah budhalan saking ing Mudal ||

72. kang panganjur nabrang Wanakarta sampun | gègèr Surakarta | prasami angati-ati | kang lêlampah pangayap jog [jo...]

--- 4 ---

[...g] Sidawayah ||

73. kiwanipun pangawate misah sampun | siji ngilènira | anjog Têlawong ing Pêngging | kadya ladhu prajurit ing Kabanaran ||

74. sang aprabu kèndêl makuwon Dêlanggu | kang putra Pangeran | Mangkunagara nèng Piji | Wanakarta jêjêl kanggenan gêgaman ||

75. dalunipun Kudanawarsa umatur | gusti yèn sêmbada | pun paman Suryanagari | dèn aturna dhatêng rama padukendra ||

76. yèn panuju nyuwun sakawan tumênggung | môngka tindhih wadya | lintune Suryanagari | Singaranu Brajamusthi Brajadênta ||

77. kapatipun pun Jayadirja Tumênggung | awit jêng ramendra | karsa ngawaki ing benjing | aprang dharat anindhihi wadyabala ||

78. sakalangkung pun paman kawatosipun | kumêdah rumêksa | anyêlaki sri bupati | akanthia Mas Rôngga Wirasantika ||

79. pangran rujuk Kudanawarsa ingutus | sowan ingkang rama | ing Dêlanggu praptèng wêngi | tinimbalan laju ing ngarsa wotsêkar ||

80. dhuh pukulun putra dalêm aturipun | pun Suryanagara | pakaryanipun ing benjing | sampun kongsi têbih lawan padukendra ||

81. lintonipun nuwun sakawan tumênggung | Singaranu lawan | Brajadênta Brajamusthi | sakawane pun Tumênggung Jayadirja ||

82. sang aprabu mèsêm angandika arum | ya Kudanawarsa | ingsun kaledhon ing pikir | ing prang dharat pisah lan Suryanagara ||

83. sapa iku kang eling apa si kulup | matur Danawarsa |

--- 5 ---

gusti kawula kang eling | mila katur dhatêng putra padukendra ||

84. sang aprabu gumujêng ngandika arum | ya Kudanawarsa | muliha sun wus marêngi | iya padha nuli sira prentahana ||

85. duk puniku Kudanawarsa Tumênggung | pinaring sang nata | kuluk bludru rendan adi | wus tinampan gyan mundur agêgancangan ||

60. Durma

1. tan kawarna ing dalu wuwusên enjang | budhal têngara muni | baris kang pangarsa | kumrab tanpa wilangan | èngêt ing parentah sami | angambil papan | Kumpêni wus miyarsi ||

2. dalunipun pra bupati kalêmpakan | miwah kang para panji | prajurit Madura | sadaya samya prapta | Mayor Kèngsêr senapati | alon lingira | paran punika benjing ||

3. wus têtela Sang Aprabu Kabanaran | sampun wontên ing Piji | kêrig prajuritnya | punggawa pra santana | nêdya amukul ing benjing | angantêp ing prang | Susunan Mangkubumi ||

4. pra dipati ature kadipunapa | tuwan yèn ing ajurit | asor ungguling prang | botên kenging suminggah | Hyang Suksma ingkang darbèni | pra Panji Sampang | mring mayor anauri ||

5. jangan susah tuwan mayor dhi atas prang | kaluk orang Kumpêni | bêrtêmên Madura | kumpul bêgini banyak | kêndhati dhitambah lagi | dhêlapan bêlas | sapêrti Mangkubumi ||

6. Mayor Kèngsêr pêparentah tata wadya | miwah mariyêmnèki | pra Panji Madura | matur jikaluk tuwan | kasih idhin besok pagi | bala [ba...]

--- 6 ---

[...la] nyang adha | dhi kidul kulon ini ||

7. saya pukul Bupati Kêndhal angucap | bênêr tuwan sayêkti | yèn kongsi kanggenan | kidul kilèn punika | gih tuwan repot ing jurit | botên ambêkan | batur ingkang ajurit ||

8. Mayor Kèngsêr sigra dènnya pêparentah | pra bupati pasisir | myang Kumpêni Islam | lor kulon bumènana | mriyêm siji tiktak siji | ingsun watara | tan arsa Mangkubumi ||

9. pasthi wetan dalan gêdhe ênggonira | bala Madura benjing | kulon kidul wetan | pêsthi ingkang bubuhan | kalawan Kumpêni putih | têlu tiktaknya | mariyêm têlung iji ||

10. ngambil papan Pangeran Mangkunagara | ngalèr ngilèn wus prapti | lan sawadyanira | miwah para bupatya | sang nata Ngasêm wus prapti | kèndêl aprênah | angawat kanan keri ||

11. Pangran Arya Purbaya Mangkudiningrat | angidul ngilèn sami | tuwin pra bupatya | ingkang sami pinatah | Kumpêni sampun udani | yèn mungsuhira | parentah masang rakit ||

12. wis miranti Kumpêni miwah Madura | cinatur sri bupati | prajurit kang pêrak | pan tigang dasa gangsal | cacahe mantri pinilih | lan wolung dasa | suranata prajurit ||

13. para mantri miwah ingkang para dêmang | wadya kaparak sami | kang sampun ginatra | ing kiwa têngênira | Madura nêmlikur nunggil | ing ngarsa pisan | suranata pinilih ||

14. ingkang rewa-rewa prajurit kaparak | têlase kang nambungi | saprajuritira |

--- 7 ---

Rôngga Wirasantika | têlung sungsun kang nambungi | Jayanagara | Jayapura nambungi ||

15. sinambungan ing Pangeran Singasêkar | prajurit kang turanggi | têpung barisira | Pangran Mangkudingrat | lan Pangran Purbaya kanthi | para bupatya | nênêm ingkang turanggi ||

16. ingkang têngên barise wadya kaparak | ngencong lèr kilèn sami | kang kiwa mangkana | sami pangencongira | kaparak ingkang prajurit | têngên têlasnya | nênggih kang anambungi ||

17. sawadyane Dipati Suryanagara | Danawarsa nêpungi | saprajuritira | lan Suramangunjaya | Pangeran Mangkunagari | wahana kuda | lan Pugêr Adipati ||

18. sakancane pêpitu para bupatya | prajurit kang turanggi | wau sri narendra | dangu pangawasira | nganan ngering wus prayogi | sigra têngara | kodhokngorèk munyatri ||

19. carabalèn Pangeran Mangkunagara | Pangeran Singasari | carabalèn samya | gumuruh tamburira | barung têtêg bêndhe bèri | kukuk asurak | lir guntur sèwu wukir ||

20. mêngsah dharat Dipati Suryanagara | kiwane animbangi | guntur ingkang gêlar | Rôngga Wirasantika | dhêdhêt kang bala Kumpêni | miwah Madura | lanas Radèn Suwandi ||

21. sakancane wus samya angrakit jagang | sri narendra nimbangi | Dipati Janingrat | Pangran Adiwijaya | binêkta dharat prasami | ririh lampahnya | sarêng campuhing jurit ||

22. wus ingaban wadya Kumpêni umangsah | drèle mawanti-wanti | wong Madura [Ma...]

--- 8 ---

[...dura] giyak | Radèn Suryanagara | katulak pamukirèki | agulagêpan | nadhahi drèl Kumpêni ||

23. mundur ririh Dipati Suryanagara | katulak pamuknèki | dènira miyarsa | nguwuh bala Madura | ing bature ing jro sami | bala Madura | wêtonana sun iki ||

24. sun Madura kabandhang kala prang Tidhar | kang jro nulya ngêtoni | Madura Mataram | amor ambalik samya | suranata lan pinilih | kang tinumbakan | kuwur Sampange balik ||

25. rikatira Dipati Suryanagara | saking lèr anungkêbi | lan Kudanawarsa | ulêng lan wong Madura | rame rok asilih ungkih | rukêt arikat | Madura akèh mijil ||

26. praptèng Pangran Dipati Mangkunagara | angilês ing turanggi | Madura kèh pêjah | bingung akuthetheran | wontên sawidak kang mati | sakarinira | samya malêbêt malih ||

27. nulya mriyêm sinungsun angrampit jagang | mundur akèh ngêmasi | kang kidul umangsah | Rôngga Wirasantika | katulak mariyêm sami | kalawan tiktak | mundur anêbih malih ||

28. kuwur sami nyinggah ingkang bêdhil tiktak | wong Madura winarni | Panji Kartayuda | rongatus sragêninya | numbak Panji Kartasari | catur tus samya | mangidul ngilèn sami ||

29. praptanira kidul ngilèn Ganawêlang | panggih mungsuhirèki | prajurit turôngga | dhêndhêng lir pagêr jarak | kêkalih kang payung kuning | dupi umiyat | yèn wong Sampang [Sa...]

--- 9 ---

[...mpang] mêdali ||

30. sarêng kukuk giyak nêmpuh ing rêrampak | pangeran anindhihi | wong Madura panggah | nora mingkêt sacêngkang | Panji Kartayuda anjrit | krêbin ingikal | udhêng binuwang siti ||

31. ingkang rama Radèn Panji Kartasêkar | uncal lawungirèki | panyêrote kêmba | Pangeran Purubaya | mênggah mung bêdhil-binêdhil | wau Pangeran | Mangkudiningrat bali ||

32. saragêninira kêkalih kang pêjah | Pangeran Purbayèki | mantrine kang pêjah | Ngabèi Martapura | pangerane sami nêbih | mulat wong Sampang | panggah tan kêna kongkih ||

33. dadya kèndêl ajêng-ajêngan kewala | ngawêt sawadyanèki | Pangran Purubaya | Pangran Mangkudiningrat | tuwin ingkang pra bupati | balane ambyar | marga gêng dèn barisi ||

34. bok kaburu kang baris ing Banyudana | sami ciptanirèki | ngadhang kêkumbahan | kunêng malih winarna | yêkti lampah anyarêngi | gêntos kocapa | gupnur praptèng Samawis ||

35. datan ngangge lêrêm alajêng kewala | Bupati ing Samawis | pinikut anulya | Rôngga Tisnawijaya | sinelong gupêrnur nuli | wangsul umangkat | maring barisan malih ||

36. praptanira Bayalali atêtanya | mring kumêndhan kang jagi | kumêndhan turira | mungsuh agêng kang prapta | sang nata têdhak pribadi | balane lêksan | kagyat gupêrnur aglis ||

37. mangkat kanthi kêkalih upas Walônda | upas Jawa kêkalih | samya kêkapalan |

--- 10 ---

lan Arya Endranata | rencange amung kêkalih | kang jêjaranan | kumpul wor kang turanggi ||

38. nandêr jojog turangganira wus prapta | kilèn Bondalêm sami | mêngsah katingalan | ewon kang munggèng kuda | tan kêndhak dènnya lumaris | mungsuh tinêrak | kagyat prasamya nisih ||

39. pan kinira lamun bêbantu kang prapta | bala kèh anèng wuri | dalu tiningalan | kuda wolu balaka | ing wuri tan nana malih | arsa bujunga | gupêrnur sampun têbih ||

40. prapta loring Ngaru-aru kilènira | ing Ganawêlang dèsi | ningali Madura | nêmatus maksih aprang | dêlèr sakêdhap ngampiri | panggih tabean | lan Panji Kartasari ||

41. miwah maring Radyan Panji Kartayuda | gupêrnur têtanyaris | Mangkubumi prapta | iya ing êndi gènnya | matur Panji Kartasari | wontên ing wetan | ênggène Mangkubumi ||

42. mêngsah kula puniku ujaring warta | Pangran Purbaya kanthi | Pangran Mangkuningrat | wetan pangeran kathah | gupnur tabe mangkat malih | laju mangetan | gènnya lumampah ririh ||

43. prapta Banyudana nuju ramening prang | lèr wetan kilèn sami | samya bêbêdhilan | saking ing katêbihan | dangu lèrèn kang prajurit | upêsir opyak | lamun gupêrnur prapti ||

44. Mayor Kèngsêr têtabean udhunira | gupnur saking turanggi | miwah pra bupatya | sadaya têtabean | wong Madura para panji | gupêrnur tanya | manggène sri bupati ||

--- 11 ---

45. wontên ingkang umatur nèng têngah marga | gènipun Mangkubumi | gupnur sigra nyandhak | sêmprong sinêmprong sigra | ngalor ngidul ajêngnèki | ngungun ing driya | dènira aningali ||

46. pandhêndhênge turôngga lir pagêr jarak | dharat angrèb ngêbêki | sêsawah padesan | gamêng tanpa wilangan | nulya ingundhangan malih | lèr kidul mangsah | jêjagang dipun rampit ||

47. ingkang têngên Dipati Mangkunagara | kiwa lajêng nimbangi | gumuruh duk surak | tambur bèri wurahan | kukuk awor carabali | abêbarungan | Kumpêni angêdrèli ||

48. nanging saking salêbêt jagang kewala | dêlère angadhêpi | mariyêm kang wetan | Mayor Kèngsêr kang nata | dragundêre mobat-mabit | pangawat samya | kang mangsah dèn mriyêmi ||

49. dhadhanipun Sri Bupati Kabanaran | kèndêl mung marentahi | angabên pangawat | katon songsonge jênar | kêthap-kêthip munggèng kursi | dènnya pinarak | kang munggèng ngarsa kêdhik ||

50. prajurite angiwa nêngên kewala | wuri datanpa wilis | SaSi. Jayanagara | pangawat kiwa nunjang | kidul wetan wus angrampit | ngidak angrangsang | wong Madura nadhahi ||

51. akèh lanas kancane Carangcintaka | supe parentah sami | mêdal ting kêreyab | pojoke kidul wetan | Jayanagara Matawis | ingkang ingambah | lajêng caruk mangungkih ||

52. kaduk purun akuwêl bêdhil binuwang | amung tumbak lawan kris | ulêng angrêrampak | rame kang

--- 12 ---

bôndayuda | gupêrnur duka tan sipi | mariyêmira | ngidul ngetan dèn nêngi ||

53. manawantuk Madura caruk wor ing prang | Carangcintaka nênggih | rukêt lawan lurah | saragni Janêgara | buwang tumbak rukêt kêris | Carangcintaka | pêjah anulya aglis ||

54. Jayanagara arsa nigas mustaka | pan sampun dèn kakahi | nulya praptanira | Panji Suranagara | rongatus sarênge mijil | ngamuk kotbuta | rusak wadya Matawis ||

55. saya agung prajurit Madura mêdal | dêlèr asru ngadhangi | tinêrak kewala | tan kêna sinayutan | mundur prajurit Matawis | kathah kang pêjah | Pangeran Singasari ||

56. atêtulung prasamya bala turôngga | kêndho sêsabêtnèki | ingamuk Madura | sawadyanira giwar | kang lèr Madura mêtoni | rukêt kalawan | Dipati Suryanagri ||

57. sigra prapta Pangeran Mangkunagara | nunjang ngilês turanggi | prajurit Madura | bingung akuthetheran | Dipati Suryanagari | tan kongsi rusak | akas sêsabêtnèki ||

58. undurira Dipati Suryanagara | mung têtiga kang lalis | lan mantri satunggal | Madura kantun rolas | kasêlak sêsabêtnèki | dadya undurnya | mundur arèrèh ririh ||

59. datan kadya kang kidul sêsabêtira | kêndho tan mikantuki | mila Janagara | undure karusakan | salawe wonge ngêmasi | mungsuh Madura | amung sanga ngêmasi ||

60. wau bala Madura ingkang lèr wetan | kang mêdali kèh mati | kêdhik [kêdhi...]

--- 13 ---

[...k] ingkang gêsang | sami manjing pondhokan | mariyêm sami nusuli | amung sakawan | tan kandhêg gêgirisi ||

61. saundure Pangeran Mangkunagara | Dyan Suryanagara glis | umatur pangeran | anggèr dede kinôndha | tan kêna pinaksèng jurit | mêngsah Madura | tan kêna ginagampil ||

62. ing ayuda tan angsal tangguhe pisan | wontên timbalan prapti | saking ingkang rama | inggih sapisan êngkas | kinèn ngumpulkên prajurit | wau kang rama | badhe ngawaki malih ||

63. kinumpulkên prajurit ingkang kapisah | duk winêton rumiyin | dene wong Madura | palayune anêbah | Dipati Pugêr atêbih | nèng Sokawaya | saonjotan dohnèki ||

64. lan ing Banyudana Pugêr sawadyanya | lan sapanêkarnèki | kang para bupatya | nênggih môncanagara | ingundhangan ngumpul malih | Sang Adipatya | Pugêr lagya aguling ||

65. nèng gêgampèng pinggir kali Sokawaya | ngorok dènira guling | golêk impèn lagya | gandhèk kang undhang prapta | jrih mungu mring sang dipati | gandhèk agêlar | sigra ngunèkkên bêdhil ||

66. kagyat kukuk dadya wau sang dipatya | gandhèk umatur aris | paduka ngandikan | sri narendra umangsah | Pugêr alon dènira ngling | gandhèk matura | impènku ora bêcik ||

67. dudu dina iki dudu dina benjang | kalahe mungsuh iki | pan kari sawulan | yèn ugi praptèng môngsa |

--- 14 ---

nora nganggo dèn pêrangi | mungsuhe benjang | apan minggat pribadi ||

68. dèn balanga ing kalungsu bae minggat | gandhèk aturirèki | gih duka andika | kula ajrih matura | sang nata wus mangsah jurit | ngantos andika | kinèn sami ngêncêngi ||

69. adipati sigra nyêrat ing karopak | anèng luhur turanggi | mung rong larik têlas | gandhèk sira aturna | tinampan gandhèk nulyaglis | ambêkta sêrat | ya ta wau sang aji ||

70. ingkang wadya lor kidul kulon lan wetan | sarêng umangsah ngrampit | suraknya gumuruh | têtêg bèri sauran | tambur suling carabali | ngangsahkên bala | lor kidul angêbyuki ||

71. sru gumuruh surak kang dharat turôngga | kumrap anunjang wani | carabalèn kathah | bêndhe bèri sauran | tambure anggêgêtêri | kadya dhawuhan | bêdhah anggêgirisi ||

72. drèling mêngsah kadya gunturing prawata | mariyêm anusuni | gumuruh suraknya | giyak bala Madura | bakuh tan nêdya ginggangi | kidul bewakan | wus samya dèn obongi ||

73. wau prapta gandhèk kang ngaturkên surat | saking Pugêr Dipati | wusnya tinupiksa | sang nata mundhut kuda | nitih sarwi swarèng dasih | bocah mundura | wadya kang kanan kering ||

74. panyanane undure ratune kalah | samya lumayu ngisis | kèh tunjang-tinunjang | tan ana tolih kadang | lumayu kawalik-walik | tan wruh ing warta | gumrubyug rêbut dhingin ||

--- 15 ---

75. kathah tambur bandera ingkang tinilar | wong Madura kèh mijil | angambil bandhangan | Pangran Mangkunagara | ngungun tan uningèng warti | balane sirna | mung mantri jro kang kari ||

76. duta kawan dasa ngidul lampahira | Madura kang mêtoni | kasusu lêbêtnya | sami bêkta bandhangan | suka wus malêbêt biting | wau Pangeran | Mangkunagara prapti ||

77. ing marga gêng dèn mariyêm saking wuntat | eca lumampah aris | mriyêm datan kêndhat | Pangran Mangkunagara | maksih rinêksèng Hyang Widi | mimis kaliwat | wonge tan ana kêni ||

78. maksih nambur Pangeran Mangkunagara | praptèng Ngasêm pan maksih | tambur kang binuwang | tambure wong Mataram | miwah banderane kalih | kinèn ngambila | ing wadya ngasmarani ||

45. Sinuhun ing Kabanaran bidhal dhatêng Pagêlèn sarta Kêdhu badhe paring biyantu

61. Asmaradana

1. samana kantun pribadi | Pangeran Mangkunagara | amung mantri jro balane | kang maksih dhèrèk gustinya | wadya kang kathah-kathah | prasamya mawur katawur | palayune tan karuwan ||

2. wadyabala kang lumaris | kang saking lèr salang-tunjang | gumrêdêg nusul gustine | kang saking pangawat kiwa | dadya akadhungsangan | malêdug pendah wun-awun | kadya binujung [binu...]

--- 16 ---

[...jung] ing mêngsah ||

3. ratune kèndêl nèng Piji | angantosi balanira | kang dadi pangawat kabèh | lawan ngantosi kang putra | Pangran Mangkunagara | kèndêlira sang aprabu | wus dangu kang putra prapta ||

4. têdhak saking ing turanggi | Sri Bupati Kabanaran | Pangran Mangkunagarane | prapta ngaturkên bandera | tambur bêndhene wadya | kang tinilar nèng margagung | gawane wadya Mataram ||

5. lingsêm kang para bupati | kang darbe tambur bandera | pangeran ngakak gujênge | mungsuh dèn arani mêlak | banderane binuwang | mungsuhe tan ana mungup | palayune kadhungsangan ||

6. nulya arêmbagan sami | sri bupati angandika | kulup karia ing kene | angrêksaa tanah Pajang | ingsun arsa yun mulat | angatêr pamanirèku | Pangeran Arya Purbaya ||

7. Mangkukusuma tur uning | kasêsêr gonira yuda | amungsuh lan wong Pagêlèn | dene Si Jagaulatan | lamun Kêdhu dèn ambah | ana mungsuh têka Kêdhu | bupati sira parakna ||

8. pamanira Si Dipati | Suryanagara kalawan | Môndraka Wiradigdane | Bupati Kêdhu bandhangan | têtêpa Kabanaran | sakaliwon mantrinipun | aja owah gone wisma ||

9. dene mungsuh gupnur iki | yèn nêdya mukul Mataram | rêriwukên buri bae | sun tadhahane ing ngarsa | yayi mas Singasêkar | iya tunggala sirèku | milu tunggu tanah Pajang ||

10. kakang Pugêr dika mulih | bupati môncanagara | kakang dika gawa kabèh | Si Dipati Suranata |

--- 17 ---

pasisir ulihêna | kêncêngana Pathi Kudus | Juwana Lasêm lan Tuban ||

11. Jadirja Rôngga sirèki | kêkinthila nèng Madura | bocah saêlèring Pepe | lawan Bupati Samarang | jambakên saking wuntat | yèn baris Kumpêni maju | gitik Si Mangkunagara ||

12. nuli jambakên ing wuri | tarunga anglès kewala | nora lawas lakuningong | nabrang sa-Kulonparaga | têlas andika nata | sarwi sandika turipun | sarêng dènira budhalan ||

13. sri bupati mring Matawis | Pangeran Mangkunagara | mingsêr Barambang barise | wetaning sagung punika | Dipati Pugêr sigra | angalèr sakancanipun | badhe pasisir lampahnya ||

14. Rôngga Jayadirja kanthi | gubêd angilèn lampahnya | nèng Langkap pacak barise | Tingkir lawan Salatiga | myang kiwa têngênira | ing Bayalali wus suyud | gupêrnur gantya kinôndha ||

15. majêng barise nèng Piji | arsa mukul ing Mataram | ing Jabung pacak barise | Sri Bupati Surakarta | jêngkar saking ing praja | têdhak marang Piji dhusun | manggihi Gupnur Samarang ||

16. rawuh dalêm anèng Piji | pinêthuk ing baris urmat | Kumpêni lan Madurane | dêlèr mêdal jawinira | jagang ing baris panggya | têdhak sing kuda sang prabu | gapyuk lajêng têtabean ||

17. ngaturan mring pakuwoning | dêlèr wusnya tata lênggah | Madura para panjine | samya ngujung sri pamasa | sang nata angandika | bapa Hondhorêp gupêrnur | paman Pangran Buminata ||

--- 18 ---

18. kula pracayakkên mangkin | dhatêng Kumpêni kanthinya | kalih bupati lirune | ingkang kabandhang ing mêngsah | Tumênggung Wiraguna | Mangkupraja kalihipun | katigane Natayuda ||

19. bupati panumping bumi | dene namane kang anyar | inggih kula sami mawon | kalih ingkang ginêntenan | mung bupati sajuga | Bumija maksih gumantung | bapa kula dèrèng angsal ||

20. têtiyang ingkang prayogi | kang nindakakên pakaryan | bupati gih kaliwone | gupêrnur lon aturira | inggih sarèh kewala | kula ngupados pukulun | wadanane wong Bumija ||

21. têtiyang ingkang prayogi | ingkang kêndêl magut yuda | sri bupati andikane | lan malihipun pun paman | Dipati Buminata | puniku adarbe atur | kathah antuke sêmayan ||

22. bupatine mungsuh sami | lamun bapa parentaha | angajêngakên barise | Têmbêlang Pokak ing Gondhang | sêsanggupane prapta | mung gawene mungsuh tundhuk | maring paman Buminata ||

23. gupêrnur aturiraris | inggih agampil sang nata | ugêr yêkti sêsanggupe | môngsa kèwêdana marga | nata kèndêl tan nabda | radi merang jroning kalbu | dhawuhkên aturing paman ||

24. gupêrnur sru dènira ngling | ing mangke tuwan pangeran | galih anuntên tarube | arahan têtiyang desa | dimèn nuli wontêna | ingkang jagi têdhakipun | bala Kumpêni Madura ||

25. kang sami saos ing jurit |

--- 19 ---

ing karya jêng sri pamasa | pangran mathênthêng sanggupe | gagada tan ngangge prênah | wong agung kapang ngarsa | kêdhik wiwekane kaduk | sabarang dèn ucapêna ||

26. sarampunge kang ginalih | sri narendra sigra jêngkar | sing Piji gupnur urmate | atur prajurit Walônda | salawe dragundêrnya | sakawan upêsiripun | Mayor Sakèbêr manggala ||

27. rawuh dalêm sri bupati | nèng Jabung pukul sadasa | rêrêm dhaharan sang katong | sawusira satêngah pat | kondur mring Surakarta | Mayor Sakèbêr tan kantun | sapraptanira jro pura ||

28. wus ngadhaton sang siniwi | gantya malih kawarnaa | Nata Banaran têdhake | praptane Kamalon desa | dhawuh mring wadyabala | kinon umangkat rumuhun | nyabrang sa-Kilènparaga ||

29. anèng Kilènpraga kali | kinèn sami ngantosana | rawuh dalêm sang pamase | sawusnya wadya budhalan | wau ta sri narendra | sigra gènnya nulak wangsul | nyamur mung kuda sadasa ||

30. ing ratri rêrêm Saribit | arsa namakakên sarat | anamur wau lampahe | amung kalih abdinira | bêkta pipisan gêrang | myang dluwang isi puniku | tulisan binuntêl dluwang ||

31. prapta sakilèning Piji | têngah kali pinêndhêman | pipisan gêrang malihe | daluwang kang wis sinurat | sinalatakên sigra | dening kangjêng sang aprabu | kaping ing rolas rakangat ||

32. abdi kalih ngungun sami | lêrês inggih sri

--- 20 ---

narendra | ing babangbang bang. wetan kondure | prapta Saribit wanci byar | lajêng ing têdhakira | amung turôngga sapuluh | dhatêng sa-Kilènparaga ||

33. tan lêrêm Banaran nagri | praptane Kilènparaga | masanggrahan nèng Barosot | wus panggih lan wadyanira | kunêng malih winarna | kang baris ing Piji wau | antara ing tigang dina ||

34. lawan dènira mêndhêmi | sang nata ing Kabanaran | pipisan dèn salatake | nulya katiban wêwêlak | sagunging wong barisan | gêring sore isuk lampus | gêring esuk sore pêjah ||

35. Madura miwah Kumpêni | datan wontên kaliwatan | rumab panastis sakite | Mayor Kèngsêr senapatya | sakit sadina pêjah | dêlèr santêr gêrahipun | pitung ari datan lena ||

36. malah kongsi madya sasi | gêrahipun mêgap-mêgap | nging dèrèng prapta ajale | amung dahat santêrira | nahanakên kewala | Kumpêni alit kang lampus | dragundêre tigang dasa ||

37. salawe wadya lumaris | sèkêt wong Kumpêni Islam | patang atus Madurane | nanging tan môntra mêndhaa | kang gêring saya kathah | rina wêngi ting galuruh | giris maras kang miyarsa ||

38. gupêrnur pamitan mulih | ginotong anèng ing lincak | binarukutan kajênge | pinikul ing sikêp desa | wontên Madura prapta | kalih èwu kang bêbantu | kêkalih pangiridira ||

39. Ngabèi KudapralangitKudapranglangit. | lan Dêmang Kudaprangrupak | dêlèr wau [wa...]

--- 21 ---

[...u] duk angkate | mawi ninggali parentah | kinèn majêng barisnya | Sakèbêr lan Kop tinuduh | dene senapati Jawa ||

40. inggih Pangeran Dipati | Buminata Surakarta | dene para bupatine | Dyan Tumênggung Wiradigda | Tumênggung Mangkuyuda | myang Rajaniti Tumênggung | Tumênggung Surajênggala ||

41. wus budhal saking ing Piji | langkung agênging gêgaman | prajurit Madura mangke | kalih èwu wêwahira | sapraptanirèng Pokak | ing Malese akêkuwu | pancak jagang kapurancang ||

42. sami mêndha ingkang sakit | nanging mungsuhe arungan | prapta riwuk esuk sore | kunêng gantya winursita | Sang Nata Kabanaran | ingkang pacak barisipun | wontên sa-Kilènparaga ||

43. wong Pagêlèn wus miyarsi | kang baris anèng watêsan | Tumênggung Cakrajayane | baris lèr lêrêng kalawan | samantri numbakanyar | dene kidul lêrêngipun | Dyan Tumênggung Ônggawôngsa ||

44. prayayi sèwu pra mantri | sami biting sinantosan | galugu rinangkêp tembok | Kumpêni amung sadasa | anunggal Ônggawôngsa | Tuwan Rèke tindhihipun | Dyan Tumênggung Cakrajaya ||

45. anyabrang sakidul kali | manggihi dhatêng kang uwa | Tumênggung Ônggawôngsa ge | amuwus Ki Cakrajaya | uwa paran ing karsa | dene wa krubuhan gunung | Sri Bupati Kabanaran ||

46. saèstu badhe mariki | kadiparan badhenira | yèn suwawi dawêg bolos | ingkang uwa

--- 22 ---

saurira | inggih lampah yèn nyata | batine utusanipun | kang anêlik dèrèng prapta ||

47. Cakrajaya muwus malih | kadiparan yèn kasèpa | tiwas uwas wêkasane | lan malih uwa kawula | angraos sampun sayah | kangelan salaminipun | rêmpu wontên nginggil kapal ||

48. akaku têmên tyas mami | uwa makatên punika | kang uwa batine jêthèt | sinamur agêgujêngan | rinapêtan ing netya | dhuh-dhuh adhuh nak tumênggung | barang rèh dene sarkara ||

62. Dhandhanggula

1. aja tinggal purwa madyanèki | dika dhingin wijil lit lir ingwang | ing Rendhetan têlung lawe | pan dadi gamêlipun | Martanaya pak garêm nguni | nuntên wontên lurugan | Samarang rumuhun | Martanaya tinimbalan | praptèng ngarsanira rahadèn dipati | hèh kulup Martanaya ||

2. sun sêlange kulup wongirèki | ing Rendhetan pan Si Udasara | lan bumine têlung lawe | iku sun gawe pamuk | iya besuk ingsun lironi | Martanaya tur sêmbah | sumôngga pukulun | kula bêktakkên kewala | botên susah paduka ingkang nglintoni | mèsêm radèn dipatya ||

3. iya kulup pangeranirèki | duwe wong tuwa iya maringwang | lagi anglakoni gawe | duwe bêbêcik iku | sira ngraosakên ing mami | iya luwih tarima | pinaringan sampun | busana sarwa lorodan | nuli dika pinacak lurah prajurit | jumênêng Nilasraba ||

--- 23 ---

4. uwit wong cilik dika rumiyin | nulya kangjêng sumare Nglaweyan | dika lan kula ginawe | sami nama tumênggung | kinèn angrèh abdine mantri | punapa walês dika | marang turunipun | yèn ènthènga bobot dika | sintên ngandêl marang anak putu benjing | gawe cacad acidra ||

5. Cakrajaya tumungkul tan angling | nulya pamit suwuk ingkang rêmbag | Tumênggung Ônggawangsane | marang loji wus pangguh | lan Kumêndhan Rèke ngrêmbugi | tuwan wontên pawarta | Cakrajaya tutur | Susunan ing Kabanaran | badhenipun tuwan tumindak mariki | bala tanpa wilangan ||

6. yèn suwawi dawêg tuwan pêgi | mupung tamban asru wuwusira | anjêngèk Kumêndhan Rèke | paran ta ki tumênggung | dika tinggal papan wus bêcik | inggih benjing punapa | yèn wus katon mungsuh | karuwane gène mawrat | Ki Tumênggung Ônggawôngsa anauri | botên angangge wawrat ||

7. duk maksihe Pangran Mangkubumi | botên samèntên gunging kang bala | Mayor Sakèbêr balane | Kumpêni gangsal atus | Kumpêni Slam dhomas rumiyin | pra dipati sadaya | aprang lan puniku | susunan ing Kabanaran | tumpês tapis Kumpêni kêdhik kang urip | dhèwèke kudu mawrat ||

8. inggih ukum wong kudu ngêmasi | angur badan pasrahna uripan | duk mirsa Kumêndhan Rèke | angênês manahipun | anging lair maksih nasabi | sanadyan mangkanaa |

--- 24 ---

wong apa puniku | mundur durung katon mêngsah | ki tumênggung angusap jajanirèki | lae astapirolah ||

9. yèn andika kongsi aningali | marang mungsuh pasthi rusak dika | nadhahi dudu bobote | kang kula jaga mungsuh | pra pangeran kang anèng ngriki | Pangeran Purubaya | Mangkukusumèku | Pangran Suryadikusuma | tri pangeran puniku kula jagèni | sagêndhinging ayuda ||

10. sintên nyana banthèngane prapti | dèrèng mungsuhan wong kaya dika | siji puniku adate | mayor pan pêjahipun | lan Mayor As pêjahirèki | Mayor Por kapalajar | Sakèbêr bêrundhul | tuwan iku tur uninga | yèn praptaa Susunan Amangkubumi | nyabrang ing Bagawônta ||

11. wong Pagêlèn sadaya puniki | anumbaki kula lawan dika | desa kang kapungkur kabèh | mring dhèwèk dadi mungsuh | saya gigrig wau tyasnèki | Kumêndhan Rèke mojar | inggih ki tumênggung | gih sampun rina kewala | kula merang ing dalu dawêg lumaris | punapa karsa dika ||

12. ki tumênggung wus lêga ing galih | angundhangi prayitna siyaga | aja aswara ing akèh | besuk karuwanipun | têlik ingsun pan dèrèng prapti | kang amor lawan mêngsah | mangkana ing dalu | Ki Tumênggung Cakrajaya | ing dhepoke gumêdêr sawadyanèki | minggat balik mring mêngsah ||

13. lan dutane ki tumênggung prapti | sunan tinilar anèng Garongan | kadya samodra balane | pangran katiganipun | ngalèr anjog [a...]

--- 25 ---

[...njog] ing Banyuurip | Susunan Kabanaran | badhe mangke dalu | kèndêl wontên Bagawônta | Ki Tumênggung Cakrajaya sampun balik | wau kapêthuk marga ||

14. mantri Mataram têtiga ngirid | Ki Tumênggung Ônggawôngsa sigra | manggihi Kumêndhan Rèke | tuwan punika tamtu | Sunan Kabanaran mariki | ture kang kula duta | nênggih lampahipun | tinilar ing Kabarongan | Cakrajaya punika sampun ambalik | wus kesah sabalanya ||

15. samya gugup têngah dalu sami | budhal atilar ing barisira | agêgancangan lampahe | balane ki tumênggung | wontên tigang atus prajurit | satus kang kêkapalan | dharat kalih atus | Kumpêni kuda sadasa | sanjatane kawan dasa dharat sami | nênggih Kumpêni Islam ||

16. duk kêbyaran ing talaga nguni | dupi raina pan katingalan | wong desane titir kabèh | anututi bêbujung | ingkang arsa sami ngadhangi | Kumêndhan Rèke mojar | bênêr ki tumênggung | wong desa iki sadaya | uwis padha dadi batur mau sami | padha ngladèni karya ||

17. mêngko padha milu Mangkubumi | dumèh apa tumênggung saurnya | karo aku gêdhe kae | lan kêras aprangipun | ya mulane wong Jawa ajrih | kang sami ngadhang ngarsa | wau ki tumênggung | ngikal bêdhil balimbingan | cêluk-cêluk wong desa elinga sami | ajanaa sikara ||

18. dèn padha eling lamun wong cilik | na kang eling lan ana kang ora | kang lali [la...]

--- 26 ---

[...li] rame surake | agiyak sarta kukuk | ki tumênggung ngatag saragni | mangsah sarêng nyanjata | Kumpêni anusul | kang angadhang binêdhilan | kabèh kêna piyake anganan ngering | eca dènnya lumampah ||

19. sangsayakèh wong desane sami | sapangilèn wus samya miyarsa | wong ngadhang wus ngêtutake | Kumpêni Islam kantun | wong têtiga dipun tumbaki | sami tatu sadaya | siji lajêng lampus | ki tumênggung langkung duka | ora talah wong desa angkuhe sami | iya anêmu apa ||

20. kuda sèkêt samya ambêg pati | ingkang sèkêt atêngga rêmbatan | ki tumênggung ngamuk dhewe | Kumpêni tumut ngamuk | kang binêdhil akèh kang kêni | malêdug salang-tunjang | tan ana kang pêngkuh | wus akathah ingkang pêjah | ki tumênggung saking panggenan lumaris | wus prapta Winong samya ||

21. kèndêl sakêdhap lajêng lumaris | angungsi ing nagari Toyamas | samarga-marga lampahe | ingadhang tinut pungkur | tan cinatur lamining margi | prapta Pamrêdèn ika | ical aru-biru | Tumênggung Yudanagara | kang abaris Sagaluh sampun miyarsi | Kumpêni praptanira ||

22. ingkang saking Pagêlèn prasami | lawan Ki Tumênggung Ônggawôngsa | Tumênggung Cakrajayane | wus balik tumut mungsuh | Sunan Kabanaran ing mangkin | wus ngancik ing Wawaja | wong Pagêlèn tarup | kang rayi kalih ingangkat | Pangran Purubaya Mangkukusumèki | Pangran Suryadirana ||

23. ingkang

--- 27 ---

para mantri-mantri sami | tarup sadaya wus praptèng Roma | Sunan Kabanaran mangke | wus asrêp manahipun | aningali wau kang rayi | tarup Pagêlèn ômba | kêkapalanipun | wus tigang èwu kumpulnya | jêng susunan lajêng parentah kang rayi | kinèn agêng tyasira ||

24. wus pawitan iki sira yayi | ing Pagêlèn cacahe salêksa | lan pitung èwu punjule | kajaba tuwaburu | lan ing Roma Panjêr Pamrêdin | mantêp wong têlung lêksa | pawitanirèku | ingsun dhingin pawitana | wong samono kaya nora gêntos pikir | angrata tanah Jawa ||

25. têlung èwu mung pawitannèki | Sukawati tur pêdhak nagara | amung sabêdhug adohe | lawan panggenan ratu | ing Pagêlèn punika têbih | lawan kuthane raja | sapolahe tutug | yayi ngancika ing Roma | ing Banyumas nuli gitikên tumuli | Pamrêdèn ancikana ||

26. sun tinggali ya sira prajurit | kang pilih pinggir wong têlu bêlah | sangang puluh sanjatane | kang binang wolung puluh | tumbak irêng sêmune malih | padha amolung dasa | aja doh sirèku | yèn bênêr pangadunira | iku yayi padha lawan Bugis Bali | barêng rêmpu kalihnya ||

27. ingkang rayi umatur wotsari | ingkang raka malih angandika | sun yayi pisah nèng kene | sun anjog marang Kêdhu | ingkang rayi samya ngabêkti | kang raka sêsalaman | pangeran puniku | nênggih Suryadikusuma | gya têngara

--- 28 ---

kang raka lawan kang rayi | sarêng dènnya bubaran ||

28. tan winuwus lampahirèng margi | Pangran Purbaya wus praptèng Roma | ngulangan luwang ngajênge | watês Pamrêdènipun | panganjure Pagêlèn sami | pan sampun jêng-ajêngan | lawan barisipun | wau Tumênggung Banyumas | kawuwusa Sunan Kabanaran nênggih | praptèng Kêdhu sawadya ||

29. ing Jêmajar kang dèn pasanggrahi | gangsal dalu kondur mring Mataram | gumuruh wadyabalane | ing marga tan winuwus | praptanira nagri Matawis | wus manjing ing kadhatyan | sagung wadyanipun | wus tata pawismanira | eca tyase wong cilik gustine prapti | nagari Kabanaran ||

30. Pangran Mangkunagara ngunduri | barisipun wontên Kaserenan | sabên dina aprang rame | nging lèrès tangkêpipun | angrêridhu sagung bupati | yèn binêrêg anilap | tinilar tut pungkur | ing sabên dina mangkana | kaku tyase Madura miwah Kumpêni | dene prang sêsetanan ||

31. Mayor Pèbêr pirêmbagan sami | lawan Mas Arya Pôncanagara | pêpatih ing Madurane | lan para panji kumpul | lawan sagung para upêsir | tuwin para dipatya | nênggih kang rinêmbug | aprakara dene pangan | lawan repot inggih têdhaning Kumpêni | sagung wong pabarisan ||

32. Pangran Buminata kang tinari | pundi desa kang patut dèn ambah | kang kathah bêras parine | pangran alon sumaur | botên wontên ingkang nimbangi | liyane ing Masaran | gone

--- 29 ---

bêras pantun | yèn punika karêbata | botên kirang wong sabarisan puniki | sayêkti kacukupan ||

33. nulya matah prajurit lumaris | sèwu prajuritipun Madura | rongatus Kumpêni Slame | wong Jawa gangsal atus | Pangran Buminata bêktani | Radèn Wiryakusuma | duta têlung puluh | Kudapranglangit Madura | ngidul ngetan budhale saking ing baris | anglarag ngambil pangan ||

34. Pangran Mangkunagara miyarsi | lajêng budhal saking Kaserenan | mung winatara balane | turôngga tigang atus | bupatine pangeran nênggih | têtiga kang ajaga | kang abaris kidul | Tumênggung Suradigdaya | lan Tumênggung Suramangunjaya nênggih | tuwin Malangnagara ||

35. mantri ngajêng sakawan angiring | Malangprakosa Malangtrigama | Malangprawira malihe | lan Malangprawirèku | nunggil baris anèng Karangri | sakidul kilèn Bera | kuda gangsal atus | myarsa yèn mungsuh anglarag | sami kirab barise kang nganan kering | samana praptanira ||

36. lèr Karangri anulya ginitik | mêdal saking dhusun kering kanan | kukuk surak sarta bêndhe | ambêdhil sarta nambur | wong Madura panggah nadhahi | tinundha tinarajang | wong Madura kukuh | rame prang Madura dharat | mungsuh kuda rinewang lèrèsing jurit | kèh kêna kang kapisah ||

37. dadya ngumpul wong Jawane ngungsi | sami anèng wurine Madura | kinakatak sinalèrèt | mêngkab panyananipun | nubruk ngamuk ngilês turanggi | tan wruh lamun sakêdhap |

--- 30 ---

gêgêtêri gugup | prajurit Madura kathah | tatu pistul ingkang sadasa ngêmasi | dangu dènira aprang ||

38. wanci pukul sapuluh ajurit | lingsir kilèn dadya pirêmbagan | mundur baris benjing malèh | undure barisipun | pan anggolong mungsuh ngênginthil | mistuli saking kanan | kering saking pungkur | Pangeran Mangkunagara | saking wetan alingan dhusun anganti | badhe ginitik têngah ||

39. dupi sampun kaliwat sapalih | tinarajang sami nabêt kuda | tinunjang ngilês kudane | pêdhot barising mungsuh | pothar-pathir kathah ngêmasi | wau katri punggawa | non gustine rawuh | bangun malih yudanira | sami nunjang pambedhunge nganan kering | rêsah mungsuh kèh pêjah ||

40. wong Madura ngamuk dèn oncati | pinistulan wontên kang pinanah | sakit kathah pêpatine | ing wanci tunggang gunung | praptanira cêlak ing baris | prasamya tinulungan | wong barisan mêtu | Pangeran Mangkunagara | sawadyane undure ngidul aririh | wau wong gêdhe samya ||

41. asru ngungun rusak rowang kanin | akèh mati ingkang tatu kathah | Pangran Mangkunagarane | sawadyanira rawuh | masanggrahan dhusun Karangri | enjing sagung kang pêjah | wus kinèn amêrung | antuk kuping pitung dasa | sigra ngutus marang nagari tur kuping | prapta ing Kabanaran ||

42. lajêng katur ing sri narapati | ingkang putra ngaturakên sêrat | mratelakakên yudane | prang enjing malah surup | unggul ing prang kathah kang mati |

--- 31 ---

sadaya pitung dasa | yudane dipun suk | wangsul jawi pabarisan | langkung suka wau dènira miyarsi | Sang Natèng Kabanaran ||

43. kunêng bala Madura kang kari | langkung dening bramatyaning driya | kang sami ngambil pangane | tan antuk panganipun | mindhak kathah ingkang ngêmasi | enjing malih arêmbag | bantu mukul mungsuh | ambêkta Kumpêni pêthak | pitung dasa tigang atus Bugis Bali | Madura pêpucungan ||

63. PocungTeks asli: Pucung.

1. Sampangipun kang binêkta kalih èwu | panjine têtiga | Kartayuda Kartasari | katigane Apanji Purwadipura ||

2. ya ta wau Pangran Mangkunagara wus | amiyarsa warta | yèn mêngsah wangsul ngagêngi | panji katri sakawan para gunungan ||

3. mantrinipun sadaya ingkang pangayun | wong Jawa punggawa | têtiga Wiradigdèki | Rajaniti kalawan Surajênggala ||

4. ya ta wau Pangran Mangkunagarèku | ngaturi kang paman | Pangran Arya Singasari | prapta lawan Tumênggung Kudanawarsa ||

5. mantri ngayun kinêrig sadaya sampun | praptèng lèr Têmbayat | pangeran kumpul miranti | lan balane Pangeran Mangkudiningrat ||

6. pangranipun gêrah cacarên puniku | langkung sangêtira | gêng-agêng cacarirèki | wus binêkta mantuk nagri Kabanaran ||

7. balanipun prajurite sami kantun | tumut ingkang raka | Pangran Mangkunagarèki | balanipun Pangeran Mangkudiningrat ||

8. kuda sèwu pangirid pêpatihipun | pun Jayasudirga | wus dadya dènira pikir | budhal ngajêng

--- 32 ---

tata dhusun Tundhasara ||

9. rakitipun sapit dumuk angun-angun | kinarya pangawat | kang têngên Wiranatèki | tinindhihan Tumênggung Kudanawarsa ||

10. kiwanipun Suradigdaya Tumênggung | Suramangunjaya | wuri Pangran Singasari | prajurite pitung atus kang turôngga ||

11. tan adangu katingal praptane mungsuh | salèr Tundhasara | dalêdêg mangidul sami | mungsuh bubar sigra dènnya amèt papan ||

12. sami gugup Kumpêni sigra anambur | sêmu kacakuthak | nora nganggo macalangi | lajêng campuh dragundêr ngêdrèl sanapan ||

13. mungsuh kawur kuwur mêngsah kang katêmpuh | prajurit Madura | para panjine nindhihi | bayak kantuk samya kamuk samya giwar ||

14. bêstrongipun wong Madura ingkang kantun | wontên tigang dasa | nèng ngarsane para panji | kathah tatu prajurit Mangkunagaran ||

15. mêngsah kiwul mungsuhira dhawul-dhawul | kinarapyak kuda | Pangeran Mangkunagari | nunjang saking wetan lajêng ngilènira ||

16. ngalèr ngidul panunjange sampun riwut | lir paksi sikatan | kadya bênce nyênyambêri | siyat-siyut mèngêti durjana prapta ||

17. sêndhal-sêndhul wong Madura samya bingung | bodhol-badhil dhadhal | busêkan pating basasik | anyakuthak kang cinênthok cêndhak-cêndhak ||

18. kadya wêlut cinadhak-candhak marucut | mungsuh kang kapisah | kathetheran pothar-pathir | kang abakuh apêngkuh angakah wêgah ||

19. kadya êpur tan ana kang asor unggul |

--- 33 ---

mantri jro satunggal | Jayasupônta ngêmasi | kang atatu sira Rôngga Panambangan ||

20. malihipun tumênggung satunggal tatu | pun Suradigdaya | kempole kang kiwa kêni | wiwit aprang lingsir kilèn bubar asar ||

21. atut pungkur sakêdhap para tumênggung | wus bali sadaya | wontên bêbantu kang prapti | kang bupati prapta saking Kabanaran ||

46. Pangeran Mangkunagara kadhawuhan angrampit kitha Surakarta

22. namanipun Jayaturôngga Tumênggung | lawan Janapura | pitung atap kang prajurit | kêkapalan kajawi ingkang adharat ||

23. malihipun lan ambêkta suratipun | Sunan Kabanaran | tinampan tinupiksaglis | wus kadriya bêbukane kang parentah ||

24. sira kulup ngrampita Surakartèku | dhimas Singasêkar | milua dutanirèki | timbalana Si Rôngga Jayasudirja ||

25. nulya wau sandika ing aturipun | sigra bubar ngetan | gandhèk angetan lumaris | badhe tata-tata anèng Pacarikan ||

26. pra tumênggung pinêpak sadayanipun | Rôngga Jayadirja | nênggih sampun dèn utusi | kênthing dina ngrampit nagri Surakarta ||

27. wus angumpul sagung punggawa panganjur | Suramangunjaya | Wiranata lawan malih | sampun saras tatune

--- 34 ---

Suradigdaya ||

28. mung sadalu nèng Carikan enjingipun | lajêng budhalira | lan kang paman Singasari | pra tumênggung nênêm sakawan nèng ngarsa ||

29. lampahipun angalèr ngilèn andarung | nabrang Kamanggaran | panganjure lajêng sami | angobongi desa kidul Surakarta ||

30. gègèripun puyêngan ing nagarèku | mungsuh ingkang prapta | Pangran Mangkunagarèki | anèng Babad lan Pangeran Singasêkar ||

31. pra tumênggung ing Surakarta tan mêtu | amuwêr kewala | miwah kang bala Kumpêni | samya mlampênmêmpên. tan ana kang nêdya mêdal ||

32. nulya laju Pangran Mangkunagarèku | Garêmêt wus prapta | Pangran Arya Singasari | Jagapura kalawan Jayanagara ||

33. anèng kidul Kabangan aniwartèku | kang saking lèr prapta | Tumênggung Jadirja angling | kanthi lawan Mas Rôngga Wirasantika ||

34. mantri ngayun sadaya samya atumut | wontên kuda dhomas | punggawa kalih wus prapti | sowan marang pangeran anuwun prênah ||

35. sigra sinung pangawat panggenanipun | Rôngga Jayadirja | ing kiwa amangawati | têtimbangan Pangran Arya Singasêkar ||

36. dhadhanipun Pangran Mangkunagarèku | wong Kumpêni mêdal | amalih lampahirèki | Pringgalaya lan uprup lurung ênggènnya ||

37. ingkang kidul Adipati Sindurjèku | wong gêdhong kaparak | sapalih tumut mêdali | anèng Ngadipala ngilèn campuh ing prang ||

38. Ki Tumênggung Jayanagara angamuk | lan sawadyanira | Tumênggung Janapurèki |

--- 35 ---

nulya nusul sarta bala salang-tunjang ||

39. kalanipun Dipati Sindurja matur | myang wadya kaparak | gêdhonge kalulun sami | wontên bantu prapta turôngga pitulas ||

40. saking kidul Jayawikrama Tumênggung | anggitik ing têngah | pêdhot mungsuh walang ati | aprang tanggon Tumênggung Jayawikrama ||

41. wus angumpul ing Ngadiwarna puniku | wontên songsong jênar | Pangran Arya Singasari | dadya kèndêl Tumênggung Jayawikrama ||

42. Ki Tumenggung Jayanagara umatur | anuwun parentah | punapa tinunjang malih | angandika Pangran Arya Singasêkar ||

43. mêngko durung ki lurah pan dèrèng tarung | maksih bêbalangan | durung ingadu ajurit | senapati enak maksih prange kêmba ||

44. tan adangu bala Kumpêni prangipun | nulya wau Pangran | Mangkunagara ngundhangi | mundur ngalor anggolong apanthan-panthan ||

45. sami dulu mangalère ingkang mungsuh | bok akarya gêlar | ing Jèbrès pangetannèki | sami nyabrang bangawan Jurug mangetan ||

46. menggok ngidul punggawa kalih tinundhung | Mas Rôngga Jadirja | muliha mring Sukawati | lamun ngrampit malih sêsêmayan dina ||

47. lampahipun pangeran sabalanipun | prapta ing Carikan | sadalu kèndêlirèki | enjing budhal masanggrahan Kêdhungjambal ||

48. duk sadalu nuntên wontên duta rawuh | dutatur uninga | saking Banaran nagari | yèn kang rayi Pangeran Mangkudiningrat ||

--- 36 ---

49. gêrahipun cacar sangête kalangkung | pangeran parentah | ingkang paman Singasari | ingaturan têtêp anèng Kêdhungjambal ||

50. pra tumênggung lumakua mupung esuk | padha nglèncèrana | barisan Malese iki | têka kidul saka kulon saka wetan ||

51. Si Tumênggung Suramangunjaya iku | lan Suradigdaya | têka kidul amêtoni | Wiranata Cakrajaya têka wetan ||

52. loro iku têka kulon gone mêtu | Si Jayanagara | lawan Si Janapurèki | ingsun arsa têtinjo ing Kabanaran ||

53. wadyaningsun kabèh sun tinggal atunggu | paman Singasêkar | lakuningsun mring Matawis | nora gawa mung mantri jêro kewala ||

54. budhalipun sarêng byar budhal pan asru | tan amawi dharat | asar praptane nagari | ingkang rayi kapanggih angathang-athang ||

55. datan emut ingkang raka praptanipun | dangu ingkang garwa | apa bojomu wus lami | dene iya lara bangête kalintang ||

56. nêmbah matur inggih alami pukulun | rama padukendra | wingi dalu anêdhaki | amaringi gantèn milanipun sênggang ||

57. sang aprabu nimbali anguwuh-uwuh | botên amiyarsa | lawan botên aningali | angling malih Pangeran Mangkunagara ||

58. lamun iku têtômba jaba sadarum | padha tulakana | yèn sang nata wus maringi | nêmbah matur Dèn Ayu Mangkudiningrat ||

59. inggih dhawuh timbalanira sang prabu | yèn botên kalilan |

--- 37 ---

makatên usadèng jawi | sabên dintên jêjampi saking jro pura ||

60. botên dangu gandhèk kêkalih kang rawuh | opyak sanagara | kawruhan praptanirèki | pan paduka ngandikan manjing jro pura ||

61. sampun cucul lajênga manjing kadhatun | taksih prajuritan | tan kalilan anguculi | sampun kèrid praptanira ing jro pura ||

62. wusnya ngujung gya pinundhut aturipun | dènira ayuda | prang Tundhasara angrawit | sampun katur sasolahira sadaya ||

63. pan adangu pamanira Singasantun | tunggal lawan sira | apa na undhake malih | kuwanène sêrênge asmarèng laga ||

64. nêmbah matur dèrèng wontên indhakipun | pênêd pun Jadirja | akêndho datanpa budi | bok manawi dèrèng prapta kalamôngsa ||

65. kalihipun prasami kamalan dhuwur | lan paman Purbaya | tinimbanga botên silip | katigane sultan kang baris ing Pokat ||Pokak.

66. priye iku apa iya tanpa ngèlmu | wong lanang wêdi prang | duraka wêdi ngêmasi | pan kalêbu wêwilangan tanpa tekat ||

67. dhinirèku apa dhangan sakitipun | wingi sun marana | sun tingali sakitnèki | bangêt têmên cacarên mangkana ika ||

68. nêmbah matur inggih langkung sangêtipun | putra padukendra | inggih sarasa ing benjing | imbuh bagus burikipun growal-growal ||

69. sira kulup sapuluh wêngi kas iku | sira angrampita | gawanên punggawa katri | pamanira

--- 38 ---

Dipati Suryanagara ||

70. malihipun Môndraka Wiradigdèku | barênga lan sira | budhala saking nagari | sigra nêmbah wau umatur sandika ||

71. wanci pukul sawêlas kalilan mêtu | ujung pamitira | wasisan tan sowan enjing | prapta jawi lajêng kondur dalêmira ||

72. pra tumênggung akathah prapta ing dalu | punggawa têtiga | Môndraka Wiradigdèki | dhinawuhan lan Radèn Suryanagara ||

73. lamun besuk nênggih punggawa têtêlu | barêng lawan ingwang | gih timbalane kiyai | ngrampit malih mring nagari Surakarta ||

74. pra tumênggung sami sandika turipun | dalu tan kawarna | ya ta wuwusên ing enjing | sarêng budhal pangran lan punggawa tiga ||

75. pasar warung sadaya pamuwusipun | dhuh Gusti Pangeran | Dipati Mangkunagari | jinurunga lananga dènira yuda ||

76. mungsuhipun sirnaa aja na gêpuk | nagri Kabanaran | gustiku pangeran iki | nguwisana aja kongsi ingkang rama ||

77. cahyanipun pantês prajurit pinunjul | talat mulat-mulat | wong agung kang amengini | mung cacade dêdêge kurang satêbah ||

78. pra tumênggung Môndraka Wiradigdèku | ingkang munggèng ngarsa | Suryanagara ing wuri | ginarêbêg prajurit asongsong jênar ||

79. wus apangguh lan kang paman Singasantun | dhinawuhan nulya | paman andika tampèni | kang timbalan saking raka padukendra ||

80. inggih sinung aran pangran arya prabu | nama Singasêkar | pinundhut ing

--- 39 ---

raka aji | pinaringan Pangran Arya Prabu Jaka ||

81. dimènipun mindhak akêndêl prangipun | nama Singasêkar | dulune dene prajurit | mila pinaringan Arya Prabu Jaka ||

82. mèsêm muwun anak lurah ciptanipun | mêngko yèn apêrang | tak kêndêl tak wani mati | praptèng rana niyatku pating barisat ||

83. ing tyas ingsun duk anèng pondhokan mau | têka padha ilang | sing wani tan ana kari | kang amisih si maras si mêlang-mêlang ||

84. puluh-puluh sêpuluh ping têlung puluh | ora bisa telad | ki raka sri narapati | rama dika kêndêle kaya Walônda ||

85. sru gumuyu sagung kang para tumênggung | pangran pêparentah | mring sagung para dipati | dika paman Dipati Suryanagara ||

86. dika ngutus mring Mas Rôngga Jadirjèku | kang baris tampingan | Brajadênta Brajamusthi | Jayarata Tumênggung Ranadiningrat ||

87. mantrinipun dèn kêriga ja na kantun | besuk Rêbo ngarsa | ing kono gon ingsun ngrampit | patêmone iya ing Grêmêt kewala ||

88. budhal sampun Pangran Mangkunagarèku | saking Kêdhungjambal | sasantana pra dipati | daut kabèh baris agêng mring Carikan ||

89. enjingipun kêkirab kang baris agung | anabrang Manggaran | praptane kilèn bênawi | amdumandum. lampah ambagi kang pra dipatya ||

90. pra tumênggung nênêm kang kinèn rumuhun | ngancika ing Babad | ngobonga wismane sami | lamun durung prapta si paman Jadirja ||

91. paman Rôngga sakancane pra tumênggung |

--- 40 ---

bang êlèr sadaya | Suryanagara nambungi | kados êmbèn dhatênge pun paman Rôngga ||

92. kriganipun ingkang dèn antos pukulun | pangeran ngandika | pêparentah rèh prajurit | mring kang paman Pangran Arya Prabu Jaka ||

93. praptanipun pun paman Rôngga puniku | sampeyan majênga | mring Garêmêt andhadhani | tuwin kanthi Wiradigda Môndaraka ||

94. kiwanipun pangawat gangsal tumênggung | Suramangunjaya | Suradigdaya lan malih | Janapura miwah pun Jayanagara ||

95. gangsalipun pun Wiranata Tumênggung | sampeyan nèng dhadha | ginunggunga kang prajurit | kadi wontên tigang ewu kêkapalan ||

96. malah langkung inggih para demangipun | sadaya punika | mantri andêl Sukawati | prajurite kawan atus kêkapalan ||

97. inggih lamun sampeyan ngarsakna magut | pan botên kainan | kula badhe angantuni | lan pun paman Dipati Suryanagara ||

98. ingkang rêmbug wus dadya sadayanipun | Pangran Prabu Jaka | ngalor Babad dèn anciki | Pangran Mangkunagara ngilèn lampahnya ||

99. lampahipun Radèn Suryanagarèku | wau kang binêkta | kiduling nagari prapti | Pangran Mangkunagara sabalanira ||

100. kang kawuwus gègère Surakartèku | mungsuh kang ngadhêsak | ing Babad kang dèn anciki | ing êlèr wus prapta ing Kaleca samya ||

101. nulya ngutus atur wuninga mangidul | yèn êlèr wus prapta | pra dipati Sukawati | gya têngara Pangran Arya Prabu Jaka ||

--- 41 ---

102. baris dhaub andhêsêk mangalèripun | wus praptèng Kambangan | wau sagung pra dipati | pangran prabu ujung astana Lawiyan ||

103. wusnya ujung Pangran Prabu Jaka laju | ing Garêmêt prapta | parentah ing pra dipati | kang mangawat kiwa têngên kinèn mêngsah ||

104. laju riwut pra dipati barisipun | têpung kêkapalan | Kambangan Garêmêt nênggih | lèr Garêmêt punika anêkuk wetan ||

105. ingkang kidul ing Ngadipala anêkuk | ngetan praptanira | kilèn Katipès mêkasi | wadya Surakarta ayuda kanaka ||

64. Pangkur

1. sri bupati pêparentah | oprup kinèn miyosi ing ajurit | mapag sapraptaning mungsuh | lan patih kalih pisan | wadana jro satunggal binêkta magut | myang Pangeran Pakuningrat | wadana kaparak kering ||

2. katiga têngga sang nata | sigra nambur kumpul bala Kumpêni | ambêkta dragundêr satus | satus Kumpêni dharat | wus tinata ingkang kiwa têngênipun | Adipati Pringgalaya | pangawat têngên dèn goni ||

3. kinanthèn Kumpêni Islam | pun Kapitan Jawa Kapitan Bugis | lan sradhadhunipun satus | pangawate kang kiwa | Ki Dipati Sindurja sawadyanipun | kinanthèn Kapitan Burak | satus sradhadhune Bali ||

4. oprup ingkang munggèng dhadha | kang kinanthi nênggih bupati kalih | Radèn Mlayakusumèku | lan Pangran Pakuningrat | Kumpênine Islam amung kalih atus | anênggih kapitanira | Salijah lawan Duljalil ||

5. Makasar satus [satu...]

--- 42 ---

[...s] kang têngga | sri narendra nênggih Dhaèng Lêmbani | budhal kang wadya gumrêgut | kalih mriyêm binêkta | praptèng Buminatan salèr wetanipun | ing Kawiradigdan lama | tinata baris Kumpêni ||

6. dragundêr wuri kewala | jalan kaki pinangku anèng ngarsi | kalawan mariyêmipun | Dipati Pringgalaya | salèripun Andhasong ngilèn puniku | wontên longkang rolas cêngkal | kalawan bala Kumpêni ||

7. Ki Dipati Sindurêja | kilèn Kadipala cocong sakêdhik | larike ngilèn puniku | ngidul mêngsah tumingal | sami nêmpuh pangawate sarêng campuh | têngaranira gumêrah | arame bêdhil-binêdhil ||

8. wau ingkang lagya prapta | mêdal Wanakarta ngetan lumaris | Pangran Mangkunagarèku | gugup mirsa sanjata | nyongklang jojog sadaya prajuritipun | ing Garêmêt praptanira | arame dènira jurit ||

9. Dipati Suryanagara | amuwuhi nèng dhadha ambakuhi | Pangran Mangkunagarèku | namur pindha arahan | banderane dèn lêlêt songsong dèn ingkup | sawadya mung kawan dasa | mêdhun saking kuda sami ||

10. anuntun kuda sadaya | samya makan kuda anurut kali | kali Larangan puniku | tambuh kadya nêningal | Wiranata kinèn milih wadyanipun | mung tigang dasa kewala | kang sayogya wani mati ||

11. kuwasa saking ing dhadha | kang lor ika apa ta iku Bugis | kapitane kang kumingsun | sasuwene makanjar | mêncak-mêncak aprajurit [apraju...]

--- 43 ---

[...rit] tur pinunjul | têka ilêsên kewala | pasthi nuli dèn tulungi ||

12. sira mring si paman Rôngga | Jayadirja pasthi enggal nulungi | pêngalèr Wiranatèku | lan kuda tigang dasa | nèng Garêmêt angetan botên adangu | lajêng angalèr sadaya | sarêng anabêt turanggi ||

13. kukuk ing wuri gumêrah | kang katrajang baris Pringgalayèki | kapitan Jawa nèng ngayun | tinunjang kudandapan | Rôngga Jadirja gya sarêng atêtulung | prasamya nabêt turôngga | angilês anubruk wani ||

14. pothar-pathir kuthetheran | kinarapyak sêmpal abosah-basih | ulêng-ulêngan tan dangu | wus pêjah tigang dasa | kapitane angamuk kagulung-gulung | binuntaran ing landheyan | tinumbak poporing bêdhil ||

15. bodhal-badhil kèh kabandhang | têlakupe ilang kabandhang sami | kalawan prajuritipun | Dipati Pringgalaya | atêtulung kèlêsing turôngga lampus | Ngabèi Pringgawijaya | mungsuh tan asuwe bali ||

16. mring Garêmêt praptanira | langkung suka antuk bandhangan sami | Kumpêni arsa têtulung | ewuh wus awor ing prang | wadya Pringgalayan kuwur tumut kagum | wau ta kapitan Jawa | reyab-reyab sami ngungsi ||

17. sradhadhune tigang dasa | ingkang pêjah kèh pêjah sirahnèki | pitu lan kang sami tatu | banderane kabandhang | kêndhang gonge kabandhang kari katipung | cinangking pan sarwi pincang | kang gawa sukune kanin ||

18. sami ginujêng kewala |

--- 44 ---

sadangune makancar mamêdèni | bok wasana nora enjuh | oprup ewa tumingal | sinung ikêt Pangran Pakuningrat gupuh | udhênge panakawannya | sinungkên wus dèn tampèni ||

19. bocahe agarundêlan | digêgojog kapitan kêna sarik | dene iku nora enjuh | angkuhe nora kaprah | wani nonton talèdhèk sajro kadhatun | regol kunci wani bêdhah | jaro sawetan pandhapi ||

20. udhêng gilig rajang wandhan | dirampoga sêdhêng dosane nguni | dikira sandhang rongatus | mêngko toge kaparat | luwih têmên angkuh setan siji iku | Kapitan Êtèl angucap | nudingi sarwi mucicil ||

21. bêgitu trak adha guna | apa kêrja mau tinggal dhi sini | pan têrlalu brani malu | jangan toh kaliyatan | karja marah samoa orang sang prabu | lu pêgi lu punya orang | lu tradhak jangan dhi sini ||

22. Kapitan Jawa wus kesah | sabubare mantuk pondhoke lami | sangajênge masjid Agung | ujat Kumpêninira | banderane kabandhang sarunènipun | kapiyarsa sanagara | yèn kapitan Jawa baring ||

23. pêrange kêna musibat | kawarnaa wau kang maksih jurit | pangawat kiwa kang campuh | rame abêbêdhilan | Pangran Mangkunagara kang lampah nambuh | dupi cêlak lawan mêngsah | sawadya nitih turanggi ||

24. banderanira binabar | payung mêkar kagyat kang anon sami | barise dhadha

--- 45 ---

tinêmpuh | jalan kaki tinunjang | sami piyak ibuk nata mriyêmipun | sinulêt kadia gêlap | kuwur datan makantuki ||

25. satunggil sinulêt pêcah | bêdhat amêrapat mariyêm wêsi | tatale samya malêdug | kagum kang sandhing samya | kang satêngah anjêtung kadi wong bisu | Walandine kalih pêjah | wong Jawa sakawan kanin ||

26. lawan tumbak barêkatan | Pakuningrat aran pun bapa kaki | kêna gowang pucukipun | tatal mariyêm asal | Pangran Pakuningrat langkung dènnya ngungun | Kumpêni mati ing mêngsah | nênêm amung jalan kaki ||

27. pangeran anulya giwar | ngalèr ngilèn ngidul Garêmêt prapti | sadaya sami angungun | nyana dede pangeran | nyana Wiranata mindhoni umagut | Pangran Arya Prabu Jaka | pangungunira tan sipi ||

28. sami kèndêl ing ayuda | ngetan ngulon aso tan molah-malih | mung dragundêr sami laju | nanging botên atêbah | lan Kumpêni Islam pan sampun adalu | bok mêngsah anêdya cidra | mangke na mungsuhirèki ||

29. Pangeran Mangkunagara | mundur ngilèn lor kidul animbangi | nèng Gumpang pisahan sampun | Rôngga miwah Jadirja | sakancane mangalor para tumênggung | mantuk marang Sukawatya | Pangran Mangkunagarèki ||

30. angidul sawadyanira | Adipati Suryanagara nênggih | Môndraka Wiradigdèku | tumut angidul samya | kèndêl Bayalali makuwon sadalu | enjinge budhal mangetan | wangsul kacarikan [kacarika...]

--- 46 ---

[...n] malih ||

31. Pangeran Mangkunagara | duk angrampit Surakarta ping kalih | rusak kapitan Jawèku | Rêbo Pon ping pitulas | sasi Ruwah taksih Alip taunipun | sêngkalanira atunggal | lan adêge sri bupati ||

32. lan wontên bêbantu prapta | maring Pokak bantu saking Samawis | wong Sêmbawa kalih atus | sampun ngumpul ing Pokak | sangsaya gêng baris Pokak sangkin kukuh | nanging binabingung ing prang | jajahan tan bisa radin ||

33. wêtu punika akathah | wong Walônda kathah kang samya balik | golongan nênêm pêpitu | sasukane suwita | mung wong agung kêkalih ingkang jinujug | Pangeran Mangkunagara | lan Susunan Mangkubumi ||

34. kang dadi tambur sulingnya | apan sami Walandi kang kinardi | ana lurah pinapatut | kang dadi mantri ana | kang sêmbada ana ginawe wong agung | Pangeran Mangkunagara | kèh suka ginawe mantri ||

35. sawab abêr yudanira | mila susah nèng Pangran Mangkubumi | akêras apêrangipun | sayêktine kèh hingan | ing asale kang sami Walônda dhusun | nora kambah mangun yuda | dudu Walônda prajurit ||

36. lan arang pakaryanira | anèng Jawa suka dipun sawahi | mung têlung jung bisa cukup | balane mantrinira | kang kaprentah Walônda tiyange dhusun | sami wêlas têngah eca | mangkana ingkang winarni ||

37. Pangeran Mangkunagara | atur surat pratelan dènnya jurit | lan atur Walandi pitu | têlukan saking

--- 47 ---

Sala | dutanira praptèng Kabanaran katur | mring kang rama sri narendra | sukèng tyas sri narapati ||

38. pra dipati pinarênca | karsanira bingung bala Kumpêni | kang anèng Wêdhi tinuduh | têtiga pra dipatya | ing Tangkisan Gondhang katiga tumênggung | kang kidul kulon kang wetan | pêpitu kang pra dipati ||

39. ingkang salèring nagara | sapangilèn pêpitu pra dipati | kunêng malih kang winuwus | kadi sarêng ing lampah | nanging gantya wau pangucapanipun | Pangran Arya Purubaya | alami rêbatan biting ||

47. Paprangan ing Pagêlèn

40. Tumênggung Yudanagara | sakancane mantri bang kilèn sami | lawan wadanane sèwu | Tumênggung Ônggawôngsa | nèng Gumêlêm dènnya pacak barisipun | ambêbiting pan santosa | andina prang rêbat biting ||

41. Walandine mung sadasa | nêdha bantu mring nagari ing Têgil | nagari Têgil puniku | petoripun sor-soran | timbangipun ing wetan Surabayèki | yèn prakara kilèn Têgal | ingkang nyampuni prakawis ||

42. Ki Tumênggung Ônggawôngsa | miwah Yudanagara tur upêksi | yèn Pagêlèn kawonipun | Susunan Kabanaran | kang nêdhaki ingatêr ing arinipun | mangke Bagêlèn wus pêcah | wangsul ing Matawis malih ||

43. lan Tumênggung Cakrajaya | sampun ical kilayu [ki...]

--- 48 ---

[...layu] pisah dening | ambalik tumut ing mungsuh | Tumênggung Ônggawôngsa | nunggil wontên ing Toyamas ênggènipun | yèn botên binantonana | ing Toyamas tiwas benjing ||

44. tan lami bêbantu prapta | tigang dasa warni Kumpêni putih | Kumpêni Slam sangang puluh | dene Kumpêni pêthak | Litnan Markèt punika têtindhihipun | pangirid Kumpêni Islam | Litnan Babandhê namèki ||

45. alpèrès ulu sor-soran | praptanira ing Toyamas nagari | sami amanggihi mundur | dhatêng nagri Toyamas | Ônggawôngsa miwah Yudanagarèku | wus panggih arêrêmbagan | amrih sarkaraning jurit ||

65. Dhandhanggula

1. Ki Tumênggung Yudanagara ngling | kakang tumênggung paran ing karsa | inggih ing lampah pênêde | Ônggawôngsa sumaur | môngsa borong karsaning yayi | dene badan kawula | kalih prakarèku | kula purun ngandhêmana | têkèng pati yèn parentahe Kumpêni | kula botên suminggah ||

2. kaping kalih parentahe adhi | kula botên etung lara pêjah | sawab badan kula mangke | sarah upaminipun | yayi ingkang pama jaladri | saobahing kang toya | sarah darmi ngatut | Tumênggung Yudanagara | gih puniki kakang parentah Kumpêni | kula kinèn angrêbat ||

3. nagri Ngroma lan Pagêlèn nênggih | kula kinèn angêtêr pun kakang | enggala mantuk Pagêlèn | Ônggawôngsa Tumênggung |

--- 49 ---

pamuwuse manis aririh | inggih lamun sêmbada | lan adhi tumênggung | pênêd ngaturakên sêrat | inggih dhatêng Pangran Mangkukusumèki | sanadyan ta bêndara ||

4. ing batine jêr ipe sayêkti | ngaturana nyamping tigang lirang | miwah wontêna tunggale | kathah pikantukipun | maekani rubêding jurit | lan nyoroga antêpan | inggih amikantuk | gêlar wadi sinantosa | Ki Tumênggung Toyamas mèsêm nauri | inggih lêrês pun kakang ||

5. nanging pun kakang ingkang akardi | sêrat punika sumanggèng karsa | kula mung tampi dadose | anuntên dadosipun | ingkang sêrat sadintên mangkin | Tumênggung Ônggawôngsa | karya sêrat sampun | raose sami kaduga | ingêcapan anulya tiningkêm aglis | sinungkên kang dinuta ||

6. mêsat duta tan kawarnèng margi | prapta pasanggrahane Pangeran | Mangkukusuma nèng Mrêdèn | linarapakên sampun | katur surat wus dèn tampèni | dinangu dutanira | Toyamas Tumênggung | pangeran ajrih ambuka | sigra têdhak sowan mring kang raka aglis | Pangeran Purubaya ||

7. ngaturakên sêrat lagya prapti | wus tinampan dhatêng ingkang raka | binuka sinuksmèng mangke | tur sêmbah pun tumênggung | ing Toyamas katur ing gusti | bok ayu jêngandika | punika kinintun | nyamping paningsêt lan dhêsthar | malihipun kawula atur udani | nagri dalêm Toyamas ||

8. binantonan Kumpêni ing mangkin | Kumpêni pêthak Kumpêni Islam |

--- 50 ---

mila kawula ing mangke | kalangkung èwêdipun | de praptane bala Kumpêni | lamun panduka karsa | nêdhaki pukulun | dhatêng nagari Toyamas | pan kagungan dalêm inggih siyang ratri | pun tumênggung sumôngga ||

9. lawan malih kawula aturi | atur pemut yèn Kumpêni benjang | sêdhêng aso pamukule | ing paduka pukulun | yèn pangeran kasoran jurit | sampun ming kalih marga | mêdal Watubarut | mêndhêta margi kang wetan | ingkang anjog ing Panjêr dhangan sakêdhik | wau duk amiyarsa ||

10. Pangran Purbaya kalangkung runtik | wusnya titi surate binucal | kang rayi atur sêmbahe | paran karsa pukulun | punapi gih kula angsuli | kang raka angandika | iya sakarêpmu | yèn kowe ngêtog maringwang | wong mêngkono apa gawe dèn wangsuli | kang raka angandika ||

11. nulya undhang Pangran Purbayèki | ing prajurit sami prayitnaa | kang rayi tinuduh age | atêngga bitingipun | Karangnôngka dhusun dèn goni | pacak biting santosa | sigra awotsantun | Pangeran Mangkukusuma | mring kang raka Pangran Arya Purbayèki | budhal sawadyanira ||

12. prapta Karangnôngka pasang rakit | prajurit ingkang samya adharat | pinatah jro biting kabèh | ing kering kananipun | kêkapalan têtindhih mantri | wuwusên ing Toyamas | wau Ki Tumênggung | Yudanagara kalawan | Ônggawôngsa rêmbage pan sampun dadi | kumêndhan kalihira ||

13. nganti angsul-angsul [angsul-ang...]

--- 51 ---

[...sul] nora prapti | têlung dina sigra atêngara | badhe amukul yudane | Pangran Purubayèku | Pangran Mangkukusuma nênggih | lan Suryadikusuma | budhal kang wadyagung | Ki Tumênggung Ônggawôngsa | munggèng ngarsa Krêtawijaya Ngabèi | ingkang darbe pun Roma ||

14. sinambungan prajuritirèki | wong Banyumas aran wong Kadipan | samya wong Bali Bêlèlèng | patang puluh pêpitu | gat-inggatan saking Batawi | ngagêman tumbak binang | sami ponthang pitu | Kumpêni ing wurinira | ing wurine Yudanagara nindhihi | Dhaluhur Pasir Ngayah ||

15. wus tinuduh mêndhêma wanadri | nyêgatana nyakuthak mrih rupak | kawusa gêmpala tyase | wau ta lampahipun | biting Karangnôngka kaèksi | bêndhe munya sauran | surak awor tambur | Ki Tumênggung Ônggawôngsa | majêng nisih ambukak bala Kumpêni | lan prajurit Kadipan ||

16. maju rampak lawan wong Kumpêni | ki tumênggung pangawat tinunjang | kang têngên sêmpal wus gègèr | sinêrot wus malêdug | wus tinilar tumênggung aglis | majêng ngidul saksana | pangawate kidul | wong Banjar Mrêdèn katunjang | sampun dhadhal wau kang bala Kumpêni | rame campuhing yuda ||

17. wong Kadipan sami ngungkih biting | lan Kumpêni ngêdrèl datan kêndhat | Kumêndhan Rèngkèl lan Markèt | kalih sami angamuk | maksih panggah kang anèng biting | Pangran Mangkukusuma | lan sabalanipun | kantun pêpalih kang dharat | kang turôngga wus dangu dhadhal [dhadha...]

--- 52 ---

[...l] angungsi | atilar gustinira ||

18. tuwin wau Pangeran Suryadi | nora tahan ingêdrèl Walônda | tan awani rok prang rèrès | tilar ing arinipun | Pangran Mangkukusuma maksih | Tumênggung Ônggawôngsa | saking lèr anêmpuh | wadya ngobrak-abrik nunjang | Ki Tumênggung Ônggawôngsa sigra manjing | lan wonge tigang dasa ||

19. ki tumênggung mrêpêki ngantosi | nguwuh-uwuh Kadipan manjinga | pangerane tèk balane | pangeran nolih wau | ngalèr dipun ajêngi bêdhil | giwar sawadyanira | sanjatane ucul | pêpatihe ingkang kêna | Pangran Mangkukusuma miwah turanggi | kudane wus kabandhang ||

20. kantun kalih dasa ingkang abdi | wong Banyumas angalingi samya | dèn lancangi Kumpênine | samya ngênês tyasipun | nanging Pangran Purbaya runtik | môngka yèn kalairna | mring bitingan wangsul | Pangeran Mangkukusuma | sapraptane kitha Pamarêdèn nguni | bitingane kang raka ||

21. salin sipat sawadyanirèki | kang ningali gêmpah manahira | satus loke Kumpênine | saksana lajêngipun | kang ambujung sami ngèndêli | wong cilik angrêrayah | kang raka rinêngu | Pangran Suryadikusuma | nora layak badhè dèn wadulkên benjing | mring Sunan Kabanaran ||

22. wusnya ngaso kang bala Kumpêni | Kumêndhan Rèke ngajak majênga | miwah ta Kumêndhan Rèngkèl | tangara sigra laju | wau Pangran Purubayèki | nimbali pra dipatya | tinari prangipun |

--- 53 ---

Tumênggung Tirtanagara | Cakrajaya lan Tumênggung Sawunggaling | Tumênggung Rêksapraja ||

23. kang ingalih namanira mangkin | nama Tumênggung Kartanagara | tinari sami ature | pikantuk wêdalipun | prang ing jawi kobèt sakêdhik | pan botên sugih obat | amêmpên puniku | sawêg sami pirêmbagan | pacalange kang prapta atur udani | yèn mêngsah agêng prapta ||

24. sami gugup sagung pra dipati | nora kongsi akarya pangawat | mêdal sarêng campuh rame | kang môngka ngarsanipun | abdi dalêm kapilih pinggir | caruk lawan Walônda | rame yudanipun | Ki Tumênggung Ônggawôngsa | anglancangi anunjang mingêr angiring | lan kuda pitung dasa ||

25. Ki Ngabèi Martawijayèki | kuda sèkêt anunjang angambah | nusuli Ônggawangsane | tan tata ing panêmpuh | anon mungsuhira katawis | karoyêge gêgaman | tôndha riyonipun | kapilih pinggir rame prang | wong Kadipan rampak nunjang lan Kumpêni | ingkang tinêrak piyak ||

26. tangkêp wuri wong kapilih pinggir | arok rukêt ubêkan ing aprang | mung kapal satus mungsuhe | saking têngên anglambung | duk tinêtêr pangerannèki | kang songsong sinanjata | kêna dhandhan payung | tugêl bêt tibèng ing lêmah | Pangran Purubaya lumayu anggêndring | bala maksih rame prang ||

27. maksih ulêng wong kapilih pinggir | ana nguwuh yèn pangran wus dhadhal | prajurit samya anolèh | sinêrot lajêng mawut | niba tangi

--- 54 ---

nusul ing gusti | ingungsir kathah pêjah | binang tiga likur | tumbak binang awor bathang | wau pangran sinangsangan anèng margi | ing piranti duk prapta ||

28. kinalantaka saking wanadri | dadya mawur binendrong sanjata | tan tanggon saragênine | lajêng samya akukuk | surak giyak ana kang bali | atulak saking wuntat | palayune bingung | pangerane nilap-nilap | karusakan kaponthal awor wong cilik | kèndêl pambêrêkira ||

29. anèng Kalisapèn pijêr sami | mèt bandhangan akèh kang kacandhak | kang akèh nora pinatèn | kang pêjah pitung puluh | tigang dasa kang dèn bandani | tinakon asalira | akèh warnanipun | aku uwong ing Mataram | ana Pajang Kêdhu Pagêlèn sapalih | ana abdine lawas ||

30. wangsul marang ing Gumêlêm malih | Yudanagara lan Ônggawôngsa | Kumêndhan Rèngkèl lan Markèt | suka kang mêntas unggul | ing ayuda gantya winarni | Pangeran Purubaya | wau kèndêlipun | ing Gêgombang bumi desa | sakarine anulya apacak baris | lan sagung pra dipatya ||

31. para mantri prapta ting karênthil | saking kaplajar saking singidan | lan prajurit kapilihe | ngulicir praptanipun | pangran langkung ngungun ningali | wangune tan kèngêtan | langkung supenipun | dinangu kancane pêjah | tiga likur sakawan ingkang asragni | caos cêmêng sakawan ||

32. ingkang kathah kônca kang ngêmasi | gangsal wêlas [wê...]

--- 55 ---

[...las] ingkang numbak binang | kadangon ing prang rukête | tan wontên kang têtulung | yèn wontêna ingkang nulungi | kula maksih kaduga | ngundurêna mungsuh | maksih awrat duk matêdha | duk Patanjung utusan mungsuh Kumpêni | punika kadar pira ||

33. garundêlan Bali winitawis | wong Pagêlèn prange nora layak | mung siji kang bêcik prange | kang maksih tumut mungsuh | Ki Tumênggung Ônggawangsèki | wong samene binêdhag | palayune mamprung | wau ta kang kawuwusa | ingkang lagya sungkawa Pangran Suryadi | kêni ing rêraosan ||

34. arsa kesah tundhuk ing Kumpêni | nêdha pêthuk Tumênggung Toyamas | prapta duta lan surate | Ki Ônggawôngsa rêmbug | lan kumêndhan Rèke nujoni | Kumêndhan Rèke rêmbag | angaturi rêmbug | prasamya mêthuk colongan | wus kapêthuk wau Pangeran Suryadi | binêkta mring Toyamas ||

35. wus utusan marang Petor Têgil | tur uninga sampun tinarima | Pangeran Suryadi mangke | lajêngêna puniku | marang Têgil marang Sêmawis | samana wus binêkta | praptanira dangu | anèng nagari ing Têgal | lajêng marang Samarang linajêng maring | dhatêng Selong linêpas ||

36. ya ta wau ki tumênggung kalih | Yudanagara angêrig bala | angundhangi panêkare | badhe panglurugipun | apan dhatêng Pagêlèn malih | samakta sadhiyanya | gêgaman wus kumpul | budhal wau lampahira | maksih jroning sasi Ruwah angkatnèki |

--- 56 ---

dadya panganjur lampah ||

37. Ki Ngabèi Kartawijayèki | mantri Ngroma nulya sinambungan | Tumênggung Ônggawangsane | bala Kumpêni pungkur | pan anggamêng lampahe baris | nulya wadya Toyamas | kang nindhihi pungkur | Tumênggung Yudanagara | sabalane lampahira nulya prapti | bitingan Karanganyar ||

38. rêrêb dalu enjinge lumaris | datan owah rakiting lumampah | praptèng bumi ing Romane | kèndêl pan cêlak mungsuh | wau Pangran Purubayèki | lami dènnya miyarsa | yèn Kumpêni rawuh | samakta tata prayitna | masang rakit pangeran kalih nindhihi | pangawate kang kiwa ||

39. Ki Tumênggung Cakrajaya nguni | sakancane mantri numbakanyar | dene pangawat têngêne | sakancane tinuduh | Ki Tumênggung Kartanagari | lan sagung kang gêgaman | mantri tuwaburu | wau kumêndhan kalihnya | Rèke Markèt pan sami anata baris | dhadha miwah pangawat ||

40. kang dhadhani prajurit Kumpêni | lawan Tumênggung Yudanagara | ingkang pangawat têngêne | apan ta Ki Tumênggung | Ônggawôngsa sawadyanèki | kiwane Kandhuruan | Pasir Dhayaluhur | sigra nambur majêng lampah | Ki Tumênggung Ônggawôngsa andhingini | dènnya wus gambuh ing prang ||

66. Gambuh

1. kapalan pitung puluh | angrêmpêl katon sakêdhikipun | mangsah aris iya babo sapa iki | mung ngarêmpêl baturipun | dubilah têka amojok ||

2. cêmêng turangganipun |

--- 57 ---

pun Simbarmanik agêng aluhur | pan sumêblak tanggon tangkêping ajurit | ki tumênggung anèng ngayun | acêlak sami waspaos ||

3. ya iku ki tumênggung | katara ngikal bêdhile iku | balimbingan dèn ikal nginggil turanggi | sami gêmpal manahipun | oyag barise duk tinon ||

4. pan wontên tigang atus | wau kang pangawat kapalipun | Ônggawôngsa mung pitung puluh turanggi | parandene wani nêmpuh | sarêng nabêt kuda nêrot ||

5. saking wruh bobotipun | mungsuhe nadyan pangeranipun | wus ping lima dènira nadhahi jurit | wus kawruhan budinipun | nora mantêp ing palugon ||

6. binendrong bêdhil agung | pambêdhilira gugup sru kuwur | kang winalês satunggil mantrine kêni | niba ingkang kari mawur | sêmpal pangawate pêdhot ||

7. bêbujung ki tumênggung | sawadya kula mung pitung puluh | malih tandhing dèn apit dadi angapit | wau dènira bêbujung | ki tumênggung sampun adoh ||

8. mingêr angalèr gupuh | nuntên angilèn mêdal ing pungkur | wong Kumpêni pan maksih rame ajurit | Yudanagara Tumênggung | katon solahe saking gon ||

9. parigêl ing prang pupuh | awira-wiri ngalor angidul | angampingi yudane bala Kumpêni | ngangsahakên balanipun | wong Kadipan mangsah angkrok ||

10. drèlira gumarudug | bêdhil-binêdhil surak gumuruh | maksih kathah pangeran balanirèki |

--- 58 ---

dènnya kêdhik mungsuhipun | tumênggung prapta naronjol ||

11. bêdhili saking pungkur | pangeran kagèt sabalanipun | sami mawur pangeranira anggêndring | Kumpêni kèndêl tan bujung | Ki Ônggawôngsa angodhol ||

12. ngalèr ngetan binujung | sarwi binêdhilan saking pungkur | ting kacècèr prajurite akèh kêni | pambujênge dyan tumênggung | lan Kumpêni sampun adoh ||

13. mungsuh nolih ing pungkur | yèn adoh lawan Kumpêninipun | sami wang-wang pangerane angundhangi | tambur bêndhene angungkung | prajurit wangsul samyalok ||

14. payo idêkên iku | amung sathithik samono iku | mangsah sarêng pangeran ingkang nindhihi | Tumênggung Ônggawangsèku | kinarubut ing prang popor ||

15. ji papat ginarubuh | nora ayoman sabalanipun | mundur miring nadhahi bêdhil-binêdhil | prapta kilèn larènipun | ki tumênggung sigra mogok ||

16. lêlarènipun agung | tumbak-tinumbak pan ora gadug | amung bêdhil punika kang maksih urip | arame prang bêdhilipun | lan urip lakuning towok ||

17. wus arang bêdhilipun | kang wetan têlas ing obatipun | ingkang kilèn durung têlas obatnèki | tan kêndhat pambêdhilipun | mungsuh wetan mundur alon ||

18. kumêndhan kalihipun | wau miyarsa bêdhil gumuruh | ajidane ingutus kinèn ngaturi | Tumênggung Ônggawangsèku | aja prang dhewe mangkono ||

--- 59 ---

19. tumênggung sigra mundur | dhasar mungsuhe kang ngajak mundur | maras-maras bok usar umêdal malih | têtabean praptanipun | amung sangête panutoh ||

20. ngêndi palayonipun | iya andhêge wau kang mungsuh | ki tumênggung alon dènira nauri | kèndêl dhusun Jamberumput | sami kèndêl amakuwon ||

21. Kumpêni unduripun | ngupaya papan ingkang apatut | dhusun Wana sigra kang dèn pakuwoni | aparêk ing lèpèn agung | sigra pacak biting tembok ||

22. rajêg sami galugu | pra Kumpêni dene ingkang kidul | Ki Tumênggung Banyumas kang dèn bubuhi | wetan Ki Ônggawangsèku | Ngabèi Ngroma kang kulon ||

23. dalunipun tinukup | kang ngiring maling para tumênggung | ingkang wetan jinujug ing têngah wêngi | lajêng bêdhili gumrudug | katulak jro sami tanggon ||

24. winalês bêdhil agung | iya ngurugan sanjata mawur | pan ingiris winêton binêrêg sami | akèh kang cinandhak lampus | palajêngira wus adoh ||

25. prapta pakuwonipun | barisan agêng ing Jamberumput | sami ngungun nênukup kasoran jurit | mèh prapta ing Jamberumput | dènira wangsul kang mungsoh ||

26. kunêng ingkang winuwus | dutane Pangran Purubayèku | angaturi uninga kasoran jurit | saking Pamardèn prangipun | mring kang raka madêg katong ||

27. sapolah tingkahipun | asor ungguling paprangan katur | langkung duka sang nata sri narapati | nanging

--- 60 ---

sinimpên ing kalbu | ing tutuk datan kawiyos ||

28. milane kang dèn utus | ingandhêg anèng jroning prajèku | angantosi Pangran Mangkunagarèki | kinèn mariksaa iku | ing paman prang agung kasor ||

29. kocap ing praptanipun | Pangran Mangkunagara duk wau | lêlancaran tinimbalan mring nagari | prapta tan kalilan cucul | lajênga manjing kadhaton ||

30. praptane pura sampun | wusnya ngabêkti ing rama prabu | inguncalan sêrat Pagêlèn kang prapti | winaos sarwi gumuyu | dene sabên aprang kawon ||

31. nuju kang wontên ngayun | Dipati Jayaningrat Matarum | lawan Radèn Dipati Suryanagari | wusnya maos suratipun | pangeran nêmbah turnyalon ||

32. paran karsa pukulun | pan rayi dalêm tiwas kalangkung | ngrêrubêdi inggih kinanthi ing jurit | bawah rong lêksa nêmèwu | ing ayuda nora enjoh ||

33. yèn karsa jêng pukulun | gih pun paman Purbaya puniku | kakêrsakna dadosa lêlurahnèki | wong Suranata pukulun | sinabin satus kemawon ||

34. ing prang paduka pangku | bilih makatên darbea purun | yêkti ajrih tilara paduka aji | pinisah tan dadi batur | ing ayuda langkung amoh ||

35. mungsuh Walônda têlu | nungsang jêmpalik palayunipun | ing Pagêlèn puniku lêrêsing pikir | botên nganggo bol kacendhul | paman dipati kemawon ||

36. Suryanagara purun | mungsuh lan raja ing Bulupitu |

--- 61 ---

Ônggawôngsa Tumênggung asale cilik | jênêng nyêndhal buru butuh | sikêp ngangsu mikul lodhong ||

37. pan paman Purbayèku | dêstun abêtah imul jalêbut | Ônggawôngsa mungsuhe dadak malêncing | kinggilên paga rumuhun | ing karsa paduka katong ||

38. awit karsa sang prabu | lamun paman Purbaya gih sampun | anganciki ing Pagêlèn ingkang masthi | kadya sagêda ambanjur | ing tanah Banyumas lêdhok ||

39. miwah salajêngipun | pasisir Têgal pangetanipun | Pakalongan Kêndhal Batang Lèpèntangi | banjur Samarang kinêpung | yèn pangeran pan mêngkono ||

40. yèn paman dipatyèku | Suryanagara ing bobotipun | bêdhah ing Banyumas bae anglakoni | yèn jamak-jamaka iku | pangeran kang duwe bobot ||

41. ngandika sang aprabu | mêngkonoa manèh iya kulup | yèn bêcika jênênge wong tuwa iki | dèn tutakên kadangipun | tan dèn bakali dadya wong ||

42. sapa ta kang anêmu | wêwinih bawah sêmono iku | sira kulup lan ingsun manggiha dhingin | bawah têlung lêksa iku | sawulan bae angradon ||

43. sapuluh ta sapuluh | winawas ing tyas padha pinupus | de kèhana sarêngên mundhak akanji | yèn eling anaking ratu | kajêmak nora mêngkono ||

44. pinaring suratipun | saking kang raka prabu wêwangsul | dutanira mantri kalih kinèn mulih | marang ing Pagêlèn gupuh | amundhi nawala [na...]

--- 62 ---

[...wala] katong ||

45. datan kawarnèng ngênu | praptèng Pagêlèn carakanipun | langkung sigra mangilèn lampahirèki | praptèng baris Jamberumput | tur surat ing raka katong ||

46. tinupiksa sratipun | ragi dêduka paworing têmbung | ngolok-olok hèh yayi Purubayèki | èngêta sutaning ratu | trahing prajurit kinaot ||

47. dudu anaking jagul | elinga sira yèn kadang ingsun | Mangkubumi iki nora wêdi mati | jêr eling sutaning ratu | undhagi surèng palugon ||

48. lamun trahing Matarum | upajiwane kang dadi luhur | datan ana liyane amangun jurit | wong tani garu maluku | sudagar dagang lungandon ||

49. yèn trah Mataram iku | nora wania mati prang pupuh | sayêktine kapiran uripirèki | pasthine saturunipun | turun pisan tabokan wong ||

50. turun ping têlu mikul | wong nora idhêp gawene iku | tan angrasa uripe prasasat mati | kapindho durakèng ngèlmu | kasiku denedening. Hyang Manon ||

51. wong kang wêdi ing lampus | angumpêtakên ing umuripun | umur iku wêwatêse wus pinasthi | yèn parêk ing ajalipun | tan kêna ginawe adoh ||

52. yèn adoh ajalipun | ingêlêbana gêgaman sèwu | tanpa rowang yèn durung watêse prapti | wong siji ngamuk wong sèwu | tan mati akèh kalakon ||

53. ana wong duwe catur | duk adhi [a...]

--- 63 ---

[...dhi] mas maksih nèng prajagung | mandahane ya Pangeran Rôngga iki | milua murwèng prang pupuh | ngungkuli mring raka katon ||

54. mêngko nora tinêmu | ing besuk apa patêmonipun | liwat têmên ing pangarêp-arêp mami | wajibe ing kadang sêpuh | ginajulan kadang anom ||

67. Sinom

1. Pangran Arya Purubaya | sawusira maos tulis | madêg suraning wardaya | sangêt dukane rakaji | nimbali pra dipati | para mantri praptèng ngayun | pangeran angandika | ingsun iki dèn dukani | dene abêr wong Pagêlèn yudanira ||

2. kakang Prabu Kabanaran | dukane yayah sinipi | kalah lan Si Ônggawôngsa | jalêbud bêtah ing isin | kabirènana sami | Bupati Pagêlèn iku | padha bangsane kalah | tan ana gawene urip | Pangran Purubaya sigra pêparentah ||

3. mêngko ingsun magut ing prang | kêrigên sapungkur mami | tan kêna jarane suda | sudukan parentah mami | payo kinêpung sami | biting Wanasida iku | pra dipati sandika | miwah ingkang para mantri | atêngara bêndhene munya sauran ||

4. tambure adhêrandhangan | ambarung kang carabali | gêgaman samêkta aglar | abra busanèng prajurit | wau pangeran kalih | budhal saking Jamberumput | gêgaman kang pangarsa | prajurit ing Roma sami | pangiride Tumênggung Kartanagara ||

5. Ki Tumêng Cakrajaya |Kurang satu suku kata: Ki Tumênggung Cakrajaya. ing wurine kang nambungi | Panji Gêdhong

--- 64 ---

wurinira | lan Tumênggung Sawunggaling | Tambakbaya nambungi | pangeran kalih tut pungkur | prajurit kang turôngga | kalih èwu winitawis | kêrigane dèrèng samêkta sadaya ||

6. akathah kang dèrèng prapta | kêrigane kang prajurit | ing rêmbag pan sampun dadya | yèn badhe angêpung sami | biting winêton katri | kang kulon wetan lan kidul | êlèr ginawe towang | yèn mungsuh kasoran jurit | apan ana margane palayunira ||

7. praptèng wetan Wanasida | angilèn lampahirèki | mêdal sakidul bitingan | nênggih Kartanagarèki | prapta kilèning biting | nuntên ngetan ajêngipun | Tumênggung Cakrajaya | praptane sakidul biting | lajêng ngalèr angetan pangeran prapta ||

8. sarêng kukuk sarêng nunjang | apan wong sajrone biting | sami amasang darebas | nadhahi saking jro biting | rame dènira jurit | mangetan mangulon ngidul | gumuruh bêbêdhilan | surake awanti-wanti | kadya guntur surake mungsuh lan rowang ||

9. tumênggung kalih manggala | anjênêngi ing ajurit | nancêpakên songsongira | munggèng saluhuring biting | pangeran marêpêki | kinalantaka sinungsun | pangeran dèrèng obah | angêdhangkrang payung kuning | sami mèsêm bupati kalih rêrasan ||

10. dingarène ya pangeran | baya kasurupan iki | dene ta atêtêg mana | nora obah dèn bêdhili | kang raka anauri | punika watawisipun |

--- 65 ---

inggih môngsa têbiha | kadhawuhan srat rêruntik | mring kang raka Sri Bupati Kabanaran ||

11. Tumênggung Yudanagara | wuwuse anyalawadi | kakang lamun mangkanaa | môngsa mantêpa ing jurit | dede tyase pribadi | tyas sêsêlangan puniku | inggih lamun rêmbaga | kumêdah kula mêdali | yun uninga antêpe wong agung aprang ||

12. alon wau saurira | Tumênggung Ônggawangsèki | yèn pun adhi alapura | marang kumêndhan kêkalih | môngsa rêmbaga ugi | amit mêtuning prang pupuh | wau saking akathah | wadyane pangeran kalih | wong Pagêlèn kêrigane sami prapta ||

13. Pangran Arya Purubaya | parentah ing pra dipati | karya bètèng lêlumbangan | tumandang kang para mantri | ngangsêg kalawan biting | swaraning bala gumuruh | bêndhene asauran | wetan kulon kidul sami | swaranira kadya kongkang kajawahan ||

14. kêrigan andina prapta | wadyane pangeran kalih | kabèh wong Pagêlèn nambang | lêksan wong kêrigan sami | ngêpung ingkang bêbiting | nèng Wanasida puniku | kêmput pangêpungira | amung lèr kang dèn towongi | wong Banyumas minggat sinungan dêdalan ||

15. sabên dina bêbêdhilan | jro biting sajaban biting | wong jro biting kasusahan | alami kinêpung kikis | tan antuk ngambil bukti | wong sikêp pangiritipun | lamun mêdal utusan | sapraptanira ing jawi | lajêng minggat sami guwangi [guwang...]

--- 66 ---

[...i] kêranjang ||

16. sabên dina kagegeran | kulon kidul samya ngrampit | ngajêng-ajêng bantonira | gung utusan marang Têgil | anêdha bantu aglis | lamun barise kinêpung | kumêndhan Rèke lawan | kumêndhan Markèt gung sêdhih | ya ta kunêng nênggih wontên surat prapta ||

17. saking Petor ing Têtêgal | kumêndhan sami amanggil | tumênggung kalih wus prapta | inguncalan sêrat jawi | kang saking petor Têgil | tinupiksa têmbungipun | wontên bêbantu prapta | mayore langkung prajurit | Mayor Ubrus saking nagri Batawiyah ||

18. tan lami anèng Samarang | mangkya wus anèng Têtêgil | bêkta satus kalih wêlas | dragundêr ingkang turanggi | sawidak kalantaki | Kumpênine Islamipun | pan satus tigang dasa | kalawan kang pra dipati | ing Barêbês satunggal Têgil têtiga ||

19. marentahi mantrinira | wau tumênggung kêkalih | samia karya pondhokan | kêstale prasami kardi | wau kang para mantri | sami anambut karyèku | duk angsal tigang dina | kang pondhokan sampun dadi | wontên duta praptane saking Banyumas ||

20. duta ngaturi uninga | praptaning Mayor Ubrusting | Salambèr kapitanira | sami prajurit linuwih | gêgaman pra dipati | langkung saking tigang èwu | sèwu ingkang sênapan | kalih èwu waosnèki | tumpêr ingas tilitwi cêmêng lan benang ||

21. kathah prajurit Makasar | angkate sadintên benjing | saking nagari Toyamas |

--- 67 ---

mangkana tumênggung kalih | lan kumêndhan kêkalih | pirêmbagan kang amêthuk | Tumênggung Ônggawôngsa | sapanêkar para mantri | tan kawarna ing dalu wuwusên enjang ||

22. apan sami pirêmbagan | cinacah ingkang turanggi | kang prajurit kalih bêlah | wêdale saking ing biting | kori lèr dèn margani | prapta jawi kilèn sampun | baris mêngsah tinunjang | rame campuh ing ajurit | pan tinundha lor kidul ing prang sumahab ||

23. kang kidul dalêdêg samya | angilèn samya nututi | gumuruh surak wurahan | Tumênggung Ônggawangsèki | ngalèr mèt papan kêdhik | tinut wuri gya pinukul | rame dènira aprang | adangu bêdhil-binêdhil | kawuwusa Kumpêni ingkang lumampah ||

24. mirsa swaraning sanjata | rinikat dènnya lumaris | pangarsa Tumênggung Têgal | lawan dragundêr sapalih | mêdal margi wanèki | lajêng anungkêbi mungsuh | ambendrongi sanjata | kang mêngsah pinêlak sami | karepotan wong Roma kathah kang pêjah ||

25. pinêlak malih ingidak | tinungkêban kanan kering | rusak akathah kang pêjah | upêsir pêjah satunggil | tinumbak saking wuri | dènira nglancangi mungsuh | Tumênggung Ônggawôngsa | pangamuke ngowak-awik | ambalasah bosah-basih ting salêbar ||

26. kang kari balêdug giwar | sasaran mawur angisis | wangsul Kumpêni sadaya | Mayor Ubrus sampun manjing | marang sajroning biting | Kumpêni drèl kalaganjur | Tumênggung

--- 68 ---

ing Toyamas | mêthuk têtabean sami | pra tumênggung lan kumêndhan kalih pisan ||

27. sampun tata pêpondhokan | sagung bupati pasisir | nèng loji sami salaman | Mayor Ubrus paring tulis | saking Dêlèr Samawis | sakawan sêrat puniku | kumêndhan kalih lawan | bupati kalih nyatunggil | duk binuka Ki Tumênggung Ônggawôngsa ||

28. ing mangke pinaring nama | parentahira narpati | mijil ing Idlèr Samarang | namane dipun salini | nama Ônggawangsèki | ing punika kang rinacut | Tumênggung Arungbinang | pêparing dalêm ing mangkin | wus mupakat manggalanira barisan ||

29. Mayor Ubrus pêparentah | lamun kumêndhan kêkalih | Rèke Markèt tinimbalan | marang nagari Samawis | minggah kapitan sami | katrima pakaryanipun | dene ta ingkang dadya | sêsulihing senapati | pun Kapitan Salambèr gagah prakosa ||

30. wau undure kang mêngsah | Pangeran Purubayèki | Pangeran Mangkukusuma | miwah kang para dipati | rêmbage tilar sami | pabitingan Jamberumput | ngalih dhatêng Rêrambat | nênggih ing baris Kumpêni | bumi watês Pagêlèn miwah ing Roma ||

31. Mayor Ubrus atêtanya | mungsuh mangke wontên pundi | Ki Tumênggung Arungbinang | alon dènira nauri | mêngsah sampun anêbih | nèng Rêrambat barisipun | bumi Roma kang wetan | Mayor Ubrus angling malih | adandana payo nuli pinaranan ||

32. sigra

--- 69 ---

undhang saha bala | wau tumênggung kêkalih | tuwin Kumpêni parentah | Kapitan Salambèr nênggih | tinuding magut jurit | lan dragundêr patang puluh | satus Kumpêni Islam | tigang dasa jalan kaki | pra dipati Têgal Barêbês palihan ||

33. Ki Tumênggung Arungbinang | mangke manggalaning jurit | kalawan Ngabèi Roma | Kumpêni Islam nambungi | nulya bala Kumpêni | Salambèr pangiridipun | wuri pasisir samya | asri busanèng prajurit | kawuwusa kang baris nawung asmara ||

68. Asmaradana

1. barise pangeran kalih | lawan sagung pra dipatya | sampun miyarsa wartane | lamun Kumpêni anglarag | pangirid kang ambêkta | Tumênggung Ônggawangsèku | ing mangke pinaring nama ||

2. mila mindhak gêng kang galih | ran Tumênggung Arungbinang | ing ayuda manggalane | ênggène pangawat kanan | Kumpêni munggèng dhadha | kang pangawat kiwanipun | sawadya Ngabèi Roma ||

3. wong pasisir anèng wuri | rumêksa Kumpêninira | gangsal atus sênapane | mêngsah kang nglarag punika | cacah ingkang kapalan | botên langkung pitung atus | kalih èwu kang adharat ||

4. wus têlas ature têlik | pangeran asru ngandika | batur iki ing cacahe | prajurit ingkang turôngga | tigang èwu sadaya | dharat ana limang èwu | dubilah pagene kathah ||

5. tandhinge apit sayêkti | ayo padha ngantêp ing prang | kang wadya atur sêmbahe | inggih suwawi bêndara |

--- 70 ---

sami saur kukila | tinata pangawatipun | ingkang kiwa Cakrajaya ||

6. têngên Kartanagarèki | turangganira tinata | pangeran kalih dhadhane | kêpung pangawat lan dhadha | saking gunging gêgaman | ra-ara dhêndhêng ngêndhanu | turôngga apindha karang ||

7. tan dangu mungsuh kaèksi | katon atabe gêgaman | anggamêng doh wêkasane | Kapitan Salambèr mulat | panggabage kang mêngsah | nèng êndi bapak tumênggung | têtêmua lawan ingwang ||

8. ki tumênggung dèn aturi | tan adangu praptanira | mojar Kapitan Salambèr | inggih kadipundi bapak | mungsuhira akathah | punapa antuk bêbantu | saking nagri Kabanaran ||

9. duk prang Wanasida nguni | botên samèntên kang mêngsah | ki tumênggung lon saure | rumiyin nèng Wanasida | mêngsah baris martiga | kang tuwan prangi rumuhun | kang kidul kilèn sadaya ||

10. wetan tuwan tan udani | puniki dadya satunggal | milane samèntên kèhe | têlik kula ingkang warta | tan wontên bantu prapta | sampun susah yèn puniku | kula wruh boboting aprang ||

11. botên angunakarani | yèn ta sampuna bêndara | puniku pangran kêkodhèn | akêrêp prang lan kawula | pan dèrèng nate uga | bêbayani yudanipun | luwung kawus kalampahan ||

12. dene Pangran Mangkubumi | balaa satus kewala | kula lungani kemawon | botên kêna tinadhahan | lamun Pangran Purbaya |

--- 71 ---

wuwuha malih puniku | inggih tuwan lila dika ||

13. kula gitike rumiyin | pangawate ingkang kanan | sok sêmpala pangawate | adate ngatut kewala | botên darbèni kêkah | Kapitan Salambèr jêtung | lah iya sakarsanira ||

14. ki tumênggung ngidul malih | anunggili balanira | miwah mantri panêkare | wontên kuda kalih bêlah | ki tumênggung nèng ngarsa | milihi wadya kang purun | pantês binêkta mangarsa ||

15. sawêg anata prajurit | mungsuhe katon ngareyap | ingkang cinipta luwange | ki tumênggung yèn ayuda | wantêr nora pasaja | dadya kuda pitung puluh | ingkang ginawa nèng ngarsa ||

16. janji sarêng anyamêthi | ngikal bêdhil balimbingan | sarwi ngalih camêthine | ênggone nèng ngarsa pisan | ngabani bala sigra | lumampah ririh rumuhun | amarani goning mêngsah ||

17. mungsuhe alon ambêdhil | pambêdhile nora tata | têtela gêmpal atine | Ki Tumênggung Arungbinang | mangsit nyamêthi kuda | kang turôngga pitung puluh | sarêng dènnya nyabêt kuda ||

18. tinunjang mawur duk sami | ambêdhil sarwi lumajar | kyai tumênggung balane | kang wuri nusul sadaya | Tumênggung Arungbinang | wus têbih gènnya bêbujung | mingêr ngajêngkên pangeran ||

19. pangeran nolih ing wuri | katon pagawate sêmpal | lan Arungbinang praptane | ngikal bêdhil balimbingan | gègère manah gêmpal | barise mawur sumawur |

--- 72 ---

Kumpêni ngangsêg abayak ||

20. saking wuri bendrong bêdhil | saking agiris lumajar | anggêrus sirna barise | kudewon datanpa karya | kadya anggiring sangsam | wong siji mungsuh sapuluh | kang sapuluh kadhungsangan ||

21. wus têbih dènira ngusir | Ki Tumênggung Arungbinang | miwah Kapitan Salambèr | sami kèndêl abêbandhang | watawis saonjotan | kapitan suka gumuyu | bênêr ujare si bapak ||

22. têlik ingkang atut wuri | praptane atur uninga | pangeran kèndêl Kabumèn | badhe bêbiting santosa | pinggir lèpèn Luk Ula | ngupaya ingkang tarêjung | ngiras bantêre Luk Ula ||

23. sami mundur kang ngampiri | têlas baris ing Rêrambat | lajêng mring wana sêdyane | prapta mèh sirêping arka | lajêng mring loji samya | wus panggih lan Mayor Ubrus | tumênggung lawan kapitan ||

24. katur sasolahing jurit | tuwan mayor langkung suka | katur wontên ing Kabumèn | mêngsah apacak bitingan | Mayor Ubrus lingira | benjing yèn wus pitung dalu | dawêg sami pinurugan ||

25. ki tumênggung gih suwawi | badhe ngundhangi budhalan | amrêp mungsuh nèng Kabumèn | wadyagung sami samêkta | kunêng ing lampahira | wus prapta sêmayanipun | budhal sagunging gêgaman ||

26. kang môngka cucuking jurit | Ki Tumênggung Arungbinang | lawan sakônca mantrine | sumambung Ngabèi Ngroma | sinalusup Walônda | dragundêre patang puluh | lan sawidak Kumpêni

--- 73 ---

Slam ||

27. nuli ing wuri nambungi | Tumênggung Yudanagara | sawadya kônca mantrine | nulya munggèng wurinira | Mayor Ubrus sawadya | pasisir para tumênggung | gêgaman awarna-warna ||

28. kadya kang parwata gêni | saengga palasèng patmapadma. | wontên mêngsah panganjure | wontên nêmatus turôngga | mapan panggenanira | wontên dhusun Jêrukgulung | tumingal mungsuh gêng prapta ||

29. sauran bêndhe tinitir | Ki Tumênggung Arungbinang | lawan Kapitan Salambèr | anandêr sami turôngga | kalih atus watara | tan taha pangundhangipun | mungsuh mawur amratiga ||

30. Salambèr têtanya aris | ki tumênggung paran karsa | mungsuh makètên kathahe | ki tumênggung aris mojar | mungsuhe masang gêlar | winalèkkên gêlaripun | wong gawe gêlar-ginêlar ||

31. tiru wong Pajang Matawis | tuwan môngsa kêdadèna | kaya kula wong Pagêlèn | gih tuwan môngsa mantêpa | lan môngsa têlatèna | kang ngalèr ngilèn angidul | puniki pikir kawula ||

32. desa gêng kilèn puniki | dika dhêdhêp jro pomahan | kula bêktani salawe | kêkalih mantri kawula | tunggal kalawan dika | kula ing mangke lumayu | kasusu kelangan dika ||

33. pasthi kula dipun usir | kula lumayu kewala | yèn kaliwat pamburune | andika tugêl ing têngah | sampun angangge tata | pan kula anuli wangsul | anjambak saking ing wuntat ||

34. mèsêm kapitan nauri | iya bapak wus prayoga |

--- 74 ---

sigra mangkat sabalane | aling-alingan padesan | dupi kapitan têbah | kyai tumênggung angidul | lampah karya gudandapan ||

35. kadi wong kelangan lari | polah kinarya gudandap | sarwi alok payo-payo | Arungbinang kantunira | mêngsah agêng tyasira | pating barubul bêbujung | Ki Tumênggung Arungbinang ||

36. kadya kaburu nututi | gumrubyug pambujungira | kadi kasusu gugupe | prapta gènira kapitan | wau ingkang singidan | sigra mêdal saking dhusun | kang bujung tinugêl têngah ||

37. anambur sarwi ngêdali | cinakuthak mungsuh rusak | kang binujung bali kabèh | anungkêbi saking wuntat | kuwur kathah kang pêjah | ulêngan kadya tinumpuk | tan bisa malês tinumbak ||

38. wolung puluh kang ngêmasi | miwah ingkang tatu kathah | agundhil pating palopor | wong gêlar kêna ginêlar | tiru Pajang Mataram | yèn kacêluk wani ngamuk | wong Paglèn nangis kewala ||

39. kalih atus winitawis | turôngga ingkang kabandhang | tumbak bêdhil tambuh kèhe | kang kari tan rupa janma | gêgêluprut jêblogan | kang rikat palajêngipun | ing Kabumèn sampun prapta ||

40. binuru kuwalik-walik | samarga-marga kèh pêjah | nèng dhusun Soka kèndêle | kang lêlampah anèng wuntat | Mayor Ubrus kalawan | pra dipati samya ngungun | samargi kathah pêpêjah ||

41. baris agêng sami prapti | nunggil anèng dhusun Soka |

--- 75 ---

ing ngriku sami makuwon | Salambèr sami tinanggap | para upêsir samya | sasolahira prang ngayun | dene sagung pra diwatya ||dipatya.

42. samya takèn tingkahnèki | mring Tumênggung Arungbinang | galêthêk mênthêl yudane | tan rêkasa kèh pêpêjah | ing dalu pirêmbagan | Kabumèn gèn mungsuh agung | apacak biting santosa ||

43. têlike tumênggung prapti | pratela gunêm mring mêngsah | nadhahi badhe rêrêmpon | ingkang darbe kadang pêjah | ing prang wingi punika | ingkang sagah sami ngamuk | Mayor Ubrus atêtanya ||

44. hèh sudara kadipundi | adate wong bôngsa dika | punapa ingkang kalakon | Ki Tumênggung Arungbinang | alon ing saurira | tuwan botên adatipun | kandhêg ing lambe kewala ||

45. dene wong Pajang Matawis | saujare kalampahan | yèn bôngsa kula Pagêlèn | tuwan arang kalampahan | ing benjing-enjing tuwan | gih kula malih nèng ngayun | têka tuwan tingalana ||

46. Mayor Ubrus angling malih | marang Tumênggung Toyamas | sudara paran pênêde | punapinggih benjang-enjang | wasisan pinurugan | punapa inganti besuk | Tumênggung Yudanagara ||

47. saure manis aririh | apa tuwan punya sukak | kula pandhèrèk kemawon | nanging tuwan sok rêmbaga | lan kang duwe nagara | puniku kakang Tumênggung | Arungbinang kang waspada ||

48. yèn mungguh nagara

--- 76 ---

ngriki | tuwan isia punapa | sayêkti kawruhan kabèh | Ubrus manthuk sarwi mojar | paran Tumênggung Têgal | hèh Têgal para tumênggung | kabèh paran budinira ||

49. Tumênggung Têgal nauri | kang tuwa Rêksanagara | sampun tuwan pindho gawe | rina wêngi ya sumôngga | botên susah anganyang | prajurit Kumpêni bêtul | laki-laki wong Tatêgal ||

50. kagyat kang samya miyarsi | durung ana kang mangkana | bupati wutah wadine | ngilangakên kasujanan | dêstun saruning praja | kang mêntas muwus kaduwung | tumungkul dènira lênggah ||

51. Mayor Ubrus marentahi | yèn anglarag benjang-enjang | amukul baris Kabumèn | ing dalu dènira undhang | kunêng wuwusên enjang | munya têngara gumuruh | budhal panganjuring lampah ||

52. wadanane sèwu nênggih | Ki Tumênggung Arungbinang | lawan sakônca mantrine | ing wuri Ngabèi Ngroma | lan prajurit sadaya | sumambung Kyai Tumênggung | Yudanagara Toyamas ||

53. wurine bala Kumpêni | anggamêng abra markata | wurine pra dipatine | ing Têgal bala ngêndharang | pindha giri puspita | kadi wontên pitung èwu | ingkang prajurit kewala ||

54. lampahe yèn winatawis | sawêg angsal saonjotan | wus kapêthuk pacalange | bala Kumpêni ngundhangan | aja na sudi karya | wontên kuda tigang atus | kinèndêlakên kewala ||

55. lampahe mêmèrèt nguni | nganthar angênginthar-inthar |

--- 77 ---

amrih tinurut margane | ngapusi mring êmbêl samya | Tumênggung Arungbinang | tan anurut marginipun | amèt margi pêpucungan ||

69. PocungTeks asli: Pucung.

1. lampahipun wau gêgaman kang agung | prapta kilènira | ing Kabumèn pan kaèksi | bitingane kang mêngsah samya têngara ||

2. mulat lamun praptane kang mungsuh agung | bêndhe asauran | angrantêg kang carabali | banderane pinanjêr luhur bitingan ||

3. sapangidul panjêran banderanipun | wontên salawe prah | kang mêngsah sami ningali | pêpatute kaya wani rêrêmpon prang ||

4. lampahipun ki tumênggung menggok ngidul | gêgaman sadaya | nurut kang dadya pangarsi | mungsuh ing jro sami mulat kang lelampah ||

5. kèndêl jêtung mangu-mangu Mayor Ubrus | manggil kang sudara | kinèn wangsula duk prapti | ngarsèng mayor Ki Tumênggung Arungbinang ||

6. milanipun lampah andika mangidul | mungsuh sampun cêlak | ênggène wetan puniki | têka ngidul inggih ngulari punapa ||

7. ki tumênggung alon dènira amuwus | lagi kalih kêcap | Mayor Ubrus goyang angling | ambasêngut sarwi agoyang kapala ||

8. apa itu beta kira takut mungsuh | sira wêdi aprang | dika lumayu nèng wuri | gih Kumpêni kewala kang anèng ngarsa ||

9. sauripun gih sumôngga Mayor Ubrus | sintên kang tinêdah | ing lampah kang mianjuri | alon muwus wau Tumênggung Toyamas ||

10. sintên wêruh [wê...]

--- 78 ---

[...ruh] dalan ingkang gampang ewuh | kula wong Banyumas | dèrèng wruh jajahan ngriki | ingkang wêruh liya kang duwe nagara ||

11. gya sumaur ing Têgal para tumênggung | puniku sayogya | tinut kang duwe nagari | tuwan mayor rinêbahakên ing kathah ||

12. kinèn laju sira kiyai tumênggung | angidul kewala | mungsuh sami anyuraki | lampahira maksih angidul kewala ||

13. Mayor Ubrus langkung kaku ing tyasipun | manggil Arungbinang | lah kadipundi kiyai | botên-botên kula ngarti karsa dika ||

14. mungsuhipun sakalangkung parêkipun | têka lanthang-lanthang | mungsuh prak dipun tambuhi | sauripun tumênggung langkung watkata ||watgada/gatgada.

15. gih puniku cêlak kalamun dinulu | yèn pinaranana | angèle kapati-pati | manawi ta turôngga kang sagêd ngambah ||

16. jaran mabur ngawang-awang sabanipun | bilih sagêd ngambah | kali Kabumèn puniki | langkung gawat tur wuwuh pinarantenan ||

17. kali kuwung pinggire langkung têrajung | bitinge kinarya | anjathok pinggiring kali | gih karêpe mungsuh ngriku tinunjanga ||

18. cinacubluk yèn purun binêkuk-bêkuk | kang wruh datan arsa | yèn mastani buta tuli | binalithuk ing mungsuh kinarya jakat ||

19. ingkang kidul têbih akêdhik puniku | kaline wus pêcah | mila ran kali Pamalih | mangke sami tiningalan kang waspada ||

20. lèpènipun tur radin pêpinggiripun | nadyan jaran picak | ing ngriku sagêd lumaris |

--- 79 ---

mangke kula nabrang kariyin mukul prang ||

21. sami rêmbug upêsir para tumênggung | ubrus langkung susah | dhêlêg-dhêlêg tan bisa ngling | ki tumênggung ingatag upêsir kathah ||

22. sigra laju lêga tyasira tumênggung | dadya gêlarira | wus canthèl kang têngga biting | tinunjanga janjine manut kewala ||

23. tan adangu wus prapta panggenan wau | tan dangu ngidulnya | prapta jog kali Pamalih | lampah rikat longkangan gêgaman kathah ||

24. ki tumênggung tan kandhêg sabalanipun | surak mawurahan | pambêdhile wanti-wanti | mêksa nunjang ki tumênggung sampun mêntas ||

25. lajêng nêmpuh kang tunggu biting lumayu | wau amukira | mungsuhe malêdug ngisis | pangerane kalih pisan wus lumajar ||

26. duk andulu Kumpêni lan pra tumênggung | lamun Arungbinang | wantêre anglêliwati | ngungun eram Mayor Ubrus analôngsa ||

27. samya guguk mayor ngabani dragundur | enggal anusula | sudara Rungbinang tuwin | mukul mungsuh dragundêr nyandêr sadaya ||

28. pra tumênggung gumrubyug panyandêripun | sadaya wus nyabrang | sarêng lan bala Kumpêni | samya nusul mring Tumênggung Arungbinang ||

29. mungsuh wau kacandhak mati sapuluh | nênêm ingkang gêsang | wus samya dipun bandani | ingaturkên mring mayor sadayanira ||

Nyandhak jilid 8.

--- [0] ---

Isinipun

... Kaca

45. Sinuhun ing Kabanaran bidhal dhatêng Pagêlèn sarta Kêdhu, badhe paring biyantu ... 15

46. Pangeran Mangkunagara kadhawuhan angrampik kitha Surakarta ... 33

47. Paprangan ing Pagêlèn ... 47