Sastra Jawa

Program Digitalisasi Sastra Daerah

  • Increase font size
  • Default font size
  • Decrease font size

Babad Giyanti, Balai Pustaka, 1937-39, #985 (Jilid 08)

Katalog:Babad Giyanti, Balai Pustaka, 1937-39, #985
Sambung:
1.Babad Giyanti, Balai Pustaka, 1937-39, #985 (Jilid 01). Kisah, Cerita dan Kronikal | Babad Giyanti #1061.
2.Babad Giyanti, Balai Pustaka, 1937-39, #985 (Jilid 02). Kisah, Cerita dan Kronikal | Babad Giyanti #1062.
3.Babad Giyanti, Balai Pustaka, 1937-39, #985 (Jilid 03) . Kisah, Cerita dan Kronikal | Babad Giyanti #1063.
4.Babad Giyanti, Balai Pustaka, 1937-39, #985 (Jilid 04). Kisah, Cerita dan Kronikal | Babad Giyanti #1064.
5.Babad Giyanti, Balai Pustaka, 1937-39, #985 (Jilid 05). Kisah, Cerita dan Kronikal | Babad Giyanti #1065.
6.Babad Giyanti, Balai Pustaka, 1937-39, #985 (Jilid 06) . Kisah, Cerita dan Kronikal | Babad Giyanti #1066.
7.Babad Giyanti, Balai Pustaka, 1937-39, #985 (Jilid 07). Kisah, Cerita dan Kronikal | Babad Giyanti #1067.
8.Babad Giyanti, Balai Pustaka, 1937-39, #985 (Jilid 08) . Kisah, Cerita dan Kronikal | Babad Giyanti #1068.
9.Babad Giyanti, Balai Pustaka, 1937-39, #985 (Jilid 09). Kisah, Cerita dan Kronikal | Babad Giyanti #1069.
10.Babad Giyanti, Balai Pustaka, 1937-39, #985 (Jilid 10). Kisah, Cerita dan Kronikal | Babad Giyanti #1070.
11.Babad Giyanti, Balai Pustaka, 1937-39, #985 (Jilid 11) . Kisah, Cerita dan Kronikal | Babad Giyanti #1071.
12.Babad Giyanti, Balai Pustaka, 1937-39, #985 (Jilid 12). Kisah, Cerita dan Kronikal | Babad Giyanti #1072.
13.Babad Giyanti, Balai Pustaka, 1937-39, #985 (Jilid 13) . Kisah, Cerita dan Kronikal | Babad Giyanti #1073.
14.Babad Giyanti, Balai Pustaka, 1937-39, #985 (Jilid 14) . Kisah, Cerita dan Kronikal | Babad Giyanti #1074.
15.Babad Giyanti, Balai Pustaka, 1937-39, #985 (Jilid 15) . Kisah, Cerita dan Kronikal | Babad Giyanti #1075.
16.Babad Giyanti, Balai Pustaka, 1937-39, #985 (Jilid 16). Kisah, Cerita dan Kronikal | Babad Giyanti #1076.
17.Babad Giyanti, Balai Pustaka, 1937-39, #985 (Jilid 17). Kisah, Cerita dan Kronikal | Babad Giyanti #1077.
18.Babad Giyanti, Balai Pustaka, 1937-39, #985 (Jilid 18). Kisah, Cerita dan Kronikal | Babad Giyanti #1078.
19.Babad Giyanti, Balai Pustaka, 1937-39, #985 (Jilid 19). Kisah, Cerita dan Kronikal | Babad Giyanti #1079.
20.Babad Giyanti, Balai Pustaka, 1937-39, #985 (Jilid 20). Kisah, Cerita dan Kronikal | Babad Giyanti #1080.
21.Babad Giyanti, Balai Pustaka, 1937-39, #985 (Jilid 21). Kisah, Cerita dan Kronikal | Babad Giyanti #1081.

Serie No. 1259g

Babad Giyanti

Anggitanipun Radèn Ngabèi Yasadipura I ing Surakarta.

Jilid 8.

Bale Pustaka - 1937 - Batawi Sèntrêm.

--- [2] ---

Wêwênangipun ingkang ngarang kaayoman miturut anggêr ingkang kapacak ing sêtatsêblad 1912 No. 600.

--- [3] ---

Paprangan ing Pagêlèn.§ Miturut babon ingkang sumimpên ing Kon. Bat. Gen. v. K. en W.

30. ya ta wau mayor lan para tumênggung | jajah pabitingan | kang kilèn sayêkti sungil | jurang parang agawat kaliwat-liwat ||

31. Ki Tumênggung Têgal guguk sarwi muwus | môngsa bodho besan | Arungbinang anyaguhi | dudu jalan kali wor kali pra setan ||

32. Mayor Ubrus angguguk sarwi anggunggung | sudara Rungbinang | pundi patut dèn pondhoki | yèn sadalu tuwan wetan Jampisalam ||

33. dene besuk amrih papan kang pakantuk | tuwan wontên desa | satunggil langkung prayogi | inggih lamun kanggènana pabarisan ||

34. lèpènipun agêng angubêngi dhusun | ingkang lèr kang wetan | alah andamêlkên biting | damêl kêna kang kidul kilèn kewala ||

35. kalih dalu anèng Soka benjingipun | budhal mring Ungaran | ingkang sampun dèn rakiti | ing Ungaran mring Tumênggung Arungbinang ||

36. kang wadyagung lan Kumpêni Mayor Ubrus | praptaning Ungaran | pinrênah wetaning kali | Mayor Ubrus kilèn kali karsanira ||

37. ki tumênggung kinèn mangun aja tanggung | sapisan bêcika | iki papan luwih baik | ki tumênggung pêparentah nambut karya ||

38. Mayor Ubrus wus santosa [santo...]

--- 4 ---

[...sa] ênggènipun | nulya pêparentah | mukul gone mungsuh sami | ginusahan pangerane saking têbah ||

39. ingkang kidul urut Têlaga wus larut | kantun Jagabaya | Martanagara namèki | ingkang êlèr Martadipane wêwaja ||

40. wus pinukul parentah ing Mayor Ubrus | sampun sami sirna | pangerane sampun têbih | sêdya nuwun bantu mring raka Mataram ||

41. Mayor Ubrus nênggih tampi suratipun | dêlèr ing Samarang | Ubrus kinèn anêbihi | anjangkunga Ubrus saking doh kewala ||

42. iya amung Si Salêmbèr bae iku | senapatining prang | dèn tinggalana prajurit | dragundêre patang puluh dèn tinggala ||

43. Islamipun iya satus patang puluh | astabêle rolas | sèkêt kang ajalan kaki | pra dipati papat Barêbês lan Têgal ||

44. wusnya maos sêrat mau mayor rêngu | agoyang kapala | ki tumênggung dèn anthuki | manjing wisma Ki Tumênggung Arungbinang ||

45. Mayor Ubrus alon dènira amuwus | sudara kayapa | pundi patut kula gèni | lan Pagêlan sampun parêk sampun têbah ||

46. Ki Tumênggung Arungbinang sauripun | tuwan kang prayoga | botên parêk botên têbih | inggih namung tanah Roma Wanasida ||

47. inggih sampun saniyat kula sarêju | ing sapungkur kula | dika mèt papan prayogi | papan watês ing Pagêlèn ing Mataram ||

48. tan winuwus enjing budhal Mayor

--- 5 ---

Ubrus | kang andhèrèk lampah | Tumênggung Toyamas nênggih | sakancane mantri bang kilèn sadaya ||

49. ki mênggung lan kapitan lan lampahipun | angatêr kewala | saonjotan wangsul malih | sapraptane parentah badhe budhalan ||

50. barisipun majêng dhatêng Watulêmbu | Paglèn tanah wetan | lor kidul kasahak sami | wus rinakit apacak biting santosa ||

51. pra tumênggung pasisir sadaya tumut | tinata pondhokan | ing kanan keringe loji | para mantri numbakanyar sami prapta ||

52. sami tundhuk kèrid ing para tumênggung | mung kaliwonira | kadange Cakrajayèki | tumut Cakrajaya sami angalêndhang ||

53. pangranipun sami mantuk ing Matarum | Pagêlèn wus rata | Arungbinang andhèwèki | pan rinangkêp wong sèwu lan numbakanyar ||

48. Sinuhun Kabanaran damêl gêgujêngan dhatêng wadyabala ingkang sami kawon pêrang ing Pagêlèn

54. tan winuwus ing Pagêlèn solahipun | gantya kawuwusa | tingkahe Pajang Matawis | duk Pangeran Dipati Mangkunagara ||Penomoran sub-judul di atas, mulai 48 sampai dengan 50 salah, melompat 1 menjadi 49 s/d 51.

55. praptanipun saking sowan rama prabu | nagri Kabanaran | bêkta bupati kêkalih | Ki Tumênggung Janapura Janêgara ||

--- 6 ---

56. lampahipun ana ing Wêdhi kapêthuk | Suramangunjaya | nênggih kaburu ing jurit | baris Pokak dumugi Wêdhi anglarag ||

57. kang pinukul Ki Mangun Surajayèku | lan Suradigdaya | sami kasoran ing jurit | mungsuhipun wong Sampang lawan Sêmbawa ||

58. oncatipun datan lumayu mangidul | ngilèn palajêngnya | mila kapêthuk ing margi | lan gustine Pangeran Mangkunagara ||

59. duk dinangu Suramangunjaya matur | gusti langkung kathah | mêngsah punika ngagêngi | Kumpênine Manguntên miwah Sêmbawa ||

60. kèndêlipun dhusun Pakirèn puniku | pangran prentah marang | tumênggung kêkalih aglis | lah tuntunên parakna mring ara-ara ||

61. yèn wus campuh dèn kêbat padha lumayu | kidul Galodhogan | angulona dèn angênthir | lamun ingsun wus nugêl kêbat balia ||

62. ya ta wau tumênggung kêkalih tumut | saking lèr wêdalnya | angidul sakilèn baris | majêng ngetan nêmpuh kuda kanêmbêlah ||

63. campuhipun Sampang Sambawa lan Wangsul | kang ingamuk bubar | malajêng ngilèn angênthir | sami ngungsir Kumpêni Sampang Sambawa ||

64. praptanipun Galodhogan ngilènipun | pangeran gya mêdal | anjambak saking ing wuri | mungsuh dharat tinunjang ngilês turôngga ||

65. kang lumayu sigra baline angamuk | anunjangi kuda | mungsuh sayah bosah-basih | ingkang pêjah anggulasah kasalayah ||

66. sindhungriwut ing payudan [payuda...]

--- 7 ---

[...n] siwat-siwut | caruk rok rinampak | yèn anumbak dèn oncati | pinêstulan jinêmparing tinowokan ||

67. pêjahipun Panji Kartadirja ngriku | lan Carangpradapa | Madura gunungan mati | Wôngsagêni lan numbak satus kang pêjah ||

68. pêjahipun wong Sêmbawa pitung puluh | Walandi sadasa | palayune dèn kêkinthil | sakin kathah kang pêjah saurut marga ||

69. kèndêlipun mungsuh dènira bêbujung | prapta jawi Pokak | wong jro biting anulungi | sami wangsul pangeran ngidul lêlampah ||

70. balanipun wau pangeran kang lampus | lan Jayanagara | kalih dasa kang ngêmasi | pêparentah Pangeran Mangkunagara ||

71. ingkang lampus mungsuh kabèh kinèn mêrung | winadhahan ancak | tigang ancak kêbak kuping | ingaturkên marang nagri Kabanaran ||

72. malihipun bêbandan Sêmbawa pitu | lan Bugis têtiga | katur dhatêng ing Matawis | sarta sêrat katurakên ingkang rama ||

73. lampahipun ing marga datan winuwus | prapta ing nagara | kang jinujug lampahnèki | Adipati Jayaningrat ing Mataram ||

74. lajêng katur sêrat lawan kupingipun | Dipati Janingrat | Dipati Suryanagari | Môndaraka nênggih ingkang tinimbalan ||

75. carikipun Tumênggung Sindusastrèku | kang lagya ginanjar | lêlênggahe wuwuh malih | jangkêp sèwu gadhing gangsal atus slira ||

76. jêksanipun Sastrasasmita Tumênggung | wus anèng ngayunan | putra pangeran ngabèi |

--- 8 ---

madanani kang prajurit Suranata ||

77. putranipun kang nama dipati sampun | wus anèng ngayunan | kang kinèn amaos tulis | sêrat saking Pangeran Mangkunagara ||

78. Ki Tumênggung Sindusastra maca sêru | Pangran Purubaya | têgêse dèn pêpiringi | sapratikêl murwèng prang madya wasana ||

79. pan tumungkul Pangeran Purubayèku | Sunan Kabanaran | surat titi ngandikaris | saking ngriki kakang mas putra andika ||

80. pan kêpêthuk Madurane kalih èwu | sèket dragundêrnya | kalih atus Bugis Bali | pangajênge kalih atus wong Sêmbawa ||

81. Jawinipun inggih wontên kalih atus | wonge putra dika | mung patang puluh dèn pilih | Janapura Janagara wolung dasa ||

82. mung rongatus mungsuh lan wong têlung èwu | yèn sarta lan akal | nanging pawitane wani | nora kalah antuke pêpêjah kathah ||

83. ancakipun têtiga maksih nèng ngayun | kinèn ambukaa | sadaya dipun uyahi | mila botên mambêt arus ing sarkara ||

70. Dhandhanggula

1. wau Pangran Arya Purbayèki | lawan Pangeran Mangkukusuma | kalihe pucêt netyane | lingsêm ajrih kalangkung | mring kang raka sri narapati | Pangran Adiwijaya | alon aturipun | botên kayaa susunan | kula nguni duk rêmên sabèng wanadri | alas Krêndhawahana ||

2. wontên dhukuh isi kaki-kaki | duk patêtak sampun anak-anak | pun Nalasuta [Nalasu...]

--- 9 ---

[...ta] Pak Gambrèng | wontên kaping sapuluh | dhukuhira kula ampiri | Banyurip gih Susunan | wastane kang dhukuh | mangke kadi sampun sirna | Nalasuta duk patêtak pun sêsiwi | anakipun lêlima ||

3. sawêg lênggah kula marêpêki | sapa sintên sampeyan punika | sintên sêsuta dhèwèke | kula bêlaka tutur | anak ratu puniki kaki | aran Adiwijaya | bapa sunan prabu | lênggahe sangsaya cêlak | dhuh gustiku pun kaki tur kumawani | inggih lamun satriya ||

4. sampun darbe pakarêman gusti | liya wanodya lawan turôngga | yèn karêma ing liyane | ical prawiranipun | dika trahing ratu prajurit | balik dika karêma | ing carita tutur | ngundhakakên kaprawiran | akarêman liyane botên bêciki | angrusak kalêksanan ||

5. kaprawiran sajroning ajurit | yèn satriya ngingu pakarêman | yèn prang botên kanggo gawe | dene apêse muput | sru gumujêng sri narapati | kangmas inggih sampeyan | botên nuntên mantun | kang raka gumujêng turnya | pindho gawe mung mari kula ampiri | si kaki Nalasuta ||

6. ngalih dhukuh kang kula ampiri | têbihipun pan kalih onjotan | lan kaki Nala dhukuhe | bilih mirsa puniku | bok pinindho dèn pituturi | gumyak kang pra dipatya | sang nata angguguk | Pangeran Adiwijaya | angling malih bênêr tuture si kaki | kula prang botên [bo...]

--- 10 ---

[...tên] daya ||

7. gumêr malih kang para dipati | sri narendra gumujêng angakak | kangmas sampeyan gumluwèh | wontên ingkang pitutur | têka botên dèn anggêp batin | kang raka aturira | gih talah sang prabu | pasthi dèrèng kuwarisan | tanah Jawa mung dika kalih pun Sait | kêndêl kaya Walônda ||

8. gumêr malih kang para dipati | sande sang nata arsa dêduka | marang kang rayi kalihe | kang raka kang amunjuk | Pangran Adiwijaya nênggih | wruh sêmune ri nata | yèn arsa bêbêndu | mring rayi Pangran Purbaya | Pangran Mangkukusuma sang nata lilih | linundrun mring kang raka ||

9. sigra mundhut sang sri narapati | kuping nèng ancak kinèn amindhang | rinajang ilang sipate | wus majêng pindhangipun | sinanèskên kang sakuwali | kang raka ingandika | yayi mas baturmu | wong Pagêlèn kari pira | para mantri miwah kang sipat prajurit | kang rayi matur nêmbah ||

10. kantun kalih dasa para mantri | duk rumiyin inggih kawan dasa | balik Ubrus sapalihe | pun adhi mantrinipun | kantun kalih wêlas samangkin | sapalih sami kesah | tumut Mayor Ubrus | dene prajurit kawula | kêkantune kalih bêlah kang turanggi | pun adhi sangang dasa ||

11. nulya dhahar wau sri bupati | lawan para santana sadaya | miwah para bupatine | ngandika sang aprabu | abdinira wau kang rayi | sadaya ingandikan | prapta dhèr ing ngayun | wus lorod dènira dhahar | carikane linorot maring ing jawi | mung wadya

--- 11 ---

Kapurbayan ||

12. lawan Mangkukusuman pinaring | ambêngan saking jêro sadaya | sakuwali pêpindhange | sami ngandikan maju | sru ngandika sri narapati | hèh wong Pagêlèn samya | pira ta mungsuhmu | Walônda kang anèng kana | akèh Pokak Kumpênine akèh kanthi | pitung èwu Madura ||

13. sira besuk padha dèn kabiri | yèn ora kêndêl sapisan êngkas | wong Pagêlèn matur kabèh | inggih sandika purun | yèn apranga ing benjing malih | agêng alit sadaya | sami purun matur | nulya sami pinaringan | sêkul ngancak lawan pindhang sakuwali | mangan nèng palataran ||

14. sami kokoh kabèh pindhang kuping | langkung eca dènnya sami nadhah | pindhang kinokoh takêre | iwake mung karupuk | lawan sambêl kadhêle sami | sampunira anadhah | ngandika sang prabu | wong Pagêlèn basakêna | pindhang apa kang padha sira kokohi | tur sêmbah tan uninga ||

15. nanging gusti êcane kêpati | dèrèng wontên pindhang alam donya | kadya punika raose | sang nata asru guguk | lah rasakna iku wong jêrih | Pagêlèn iku padha | akèh wong kang bagus | padha wêdi mring Walônda | mêngko sira sun paringi pindhang kuping | kupinge wong Madura ||

16. anêracak wong Pagêlèn sami | rinewang pocapan lawan raja | wani sakêcoh-kêcohe | inggih benjing sang prabu | inggih kêndêl lamun ajurit | sang nata langkung suka | kèh swaraning [swara...]

--- 12 ---

[...ning] sanggup | gumêlar para dipatya | pra santana eram marang sri bupati | talatène pocapan ||

17. lan wong cilik tur dèn dêksurani | parandene langkung sukanira | kèh bisik padha bature | lamun duwea ingsun | gusti kaya wong agung iki | môngsa wêdia pêjah | rècèh ing pamuwus | padha kadange pan beda | ingkang rayi piangkuhe nglêliwati | kumêt nora balaba ||

18. sri narendra miyarsa ing batin | wantu cêlak jênênging ngarsanya | angandika mring arine | adhi mas Purbayèku | baturira iki katawis | durung pondhoh lan sira | pangawulanipun | aja angkuh marang wadya | tanpa gawe ing besuk angkuha yayi | yèn wus bêdhah Banyumas ||

19. aturira durung ana siji | ingkang wawuh matêng lawan sira | maksih byuk karambèn bae | têka enak atimu | yèn satriya amangun jurit | wêwiki nora kêna | gêdhèkakên angkuh | midak lombok nora pêcah | nuli angkuh tan wurung tiwas ing jurit | nora dadi dandanan ||

20. apan motangakên mring wong cilik | kang kinarya rècèh ing wacana | kalawan lila donyane | yèn oraa kadyèku | tiwas bae ingkang pinanggih | Pangran Adiwijaya | wruh kang rayi thukul | dukane mring arinira | sigra ngadêg karsane arsa banyoli | mring kang rayi sang nata ||

21. Pangran Purbaya tumungkul ajrih | tuwin Pangeran Mangkukusuma | Pangran Adiwijayane | ngadêg ing keringipun |

--- 13 ---

mring kang rayi sri narapati | ngandikèng arinira | pangran kalihipun | hèh sira iku Purbaya | iya misih ngingu pakarêmannèki | jago mêmarènana ||

22. lamun sira nora mêmarèni | kêna sote kaki Nalasuta | iya awak ingsun kiye | milane prang tan enjuh | durung bisa buwang wak mami | mring pakarêmanira | apêse amuput | nêrak marang Nalasuta | nanging ingsun kacukup wus tuwa mami | pan ora kaya sira ||

23. sira gagah prakosa apêkik | yèn tiwasa abêring ayuda | sayêkti gêgawa akèh | lan kêna ing sotipun | kaki Nalasuta Banyurip | wong duwe pakarêman | barang karyanipun | wèh tabêt marang nagara | nalutuhi niwasi panggawe bêcik | ing dur duraka arda ||

24. kadangira sri narendra iki | iku durung duwe pakarêman | timur malah diwasane | barang kasukanipun | nora duwe sêdya pribadi | ilok-ilok kewala | mring kadange sêpuh | bênêr kaki Nalasuta | sawêcane dene têka anglungguhi | sarambut nora cidra ||

25. nulya wadya Kapurbayan katri | mungkuk-mungkuk lajêng samya mutah | sri bupati timbalane | adhi Purubayèku | batur iku wêtokna aglis | aja ngabdèkkên sira | wong mangkono iku | iku tyase wong was-uwas | nora kêna kinanthi anêniwasi | têmpuhna ing ayuda ||

26. wong têtiga winêdalkên aglis | pan pinêcat kapriyayènira |

--- 14 ---

wau kuping Walandane | pinindhang malihipun | kang rinajang amung sapalih | sapalih wêwutuhan | winadhahan sampun | ing kêda gandhèk dinuta | pinaringkên Tumênggung Cakrajayèki | kang baris Bantardawa ||

27. kawon saking ing Pagêlèn nuli | pra dipati baris Bantardawa | miwah sakônca mantrine | pangerane kang laju | kalih dhatêng nagri Matawis | sowan ing Kabanaran | ing raka sang prabu | pra dipati kang tinilar | Kilènpraga Bantardawa dènnya baris | Tumênggung Cakrajaya ||

28. lawan Ki Tumênggung Sawunggaling | miwah Tumênggung Martanagara | gandhèk wau ing lampahe | praptèng Bantardawa wus | dhinawuhkên Cakrajayèki | tumênggung pinaringan | pindhang ing sang prabu | sri bupati dhahar pindhang | langkung eca kèlingan Cakrajayèki | milane pinaringan ||

29. Cakrajaya abukuh nauri | inggih nuwun pinundhi mastaka | sri bupati sih mulane | gandhèk sinangon sampun | lajêng pamit sigra lumaris | ing wuri Cakrajaya | nuju mangsanipun | ing pukul satêngah rolas | dènnya dhahar pindhang paringan binukti | kinokoh langkung eca ||

30. garwanira Ki Cakrajayèki | putranira Pangran Têpasônta | lan sang nata nak-sanake | satêngah dhahar wau | Cakrajaya ngiling-ilingi | dèn ayu iki apa | iwak aranipun | enake kaliwat-liwat | ya rupane iki kaya jamur kuping | kari gêdhe kewala ||

31. baya jamur kuping gunung Sumbing | miwah jamur kuping ing Sundara | têka

--- 15 ---

mangkene rupane | kathah kang tumut dulu | nora nana bisa ngarani | Dèn Ayu Cakrajaya | alon wuwusipun | duk Mangunonêng praptanya | atur-atur pêpanganan dèn wadhahi | ana ing kothak timah ||

32. baya iku tunggale rumiyin | jamur kuping nagara Walônda | kapati-pati rasane | pungkas panarkanipun | jamur kuping nagri Walandi | Tumênggung Cakrajaya | sangêt karêmipun | kinanggokkên têlung dina | pan dipun ngêt panêdhane sabên enjing | kunêng malih winarna ||

49. Ing Madura gègèr, awit saking pandamêlipun Adipati Pugêr, baris Kumpêni ing Pokak kabibarakên

33. Pangran Mangkunagara nglèncèri | baris Pokak pan ing sabên dina | saking kidul saking êlèr | miwah para tumênggung | pangêpunge saking atêbih | prapta byar surup kesah | pangalèdhèkipun | nanging tan ana kang mêdal | baris Pokak amêmpên sajroning biting | tan ana mêtonana ||

34. tan amawi êlêt sabên enjing | pra dipati nglèdhèk baris Pokak | yèn kala ngambil pangane | sapalih ingkang mêtu | saking baris tiktakirèki | sapalih kang binêkta | myang mariyêmipun | dadya prang samarga-marga | Sakèbêre kadang ngawaki pribadi | kangge [kang...]

--- 16 ---

[...ge] sadasa dina ||

35. pan mangkana sabên ngambil bukti | nênggih êlêt ing sadanasadasa. dina | miwah satêngah wulane | wau ta duk angumpul | sakathahe para dipati | Pangeran Buminata | wau rêmbagipun | nimbangi solahing mêngsah | kari apa ingsun bisa anglakoni | samôngsa marenea ||

36. ing wuri dènira sami angling | yèn mangkono dhasmu tinaboka | malopor sapisan wae | Sakèbêr asru muwus | iya dhase pangeran iki | diantêma sapisan | banjur dadi bubuk | ingsun uwis têtabean | iya para raja Malayu lan Bugis | Makasar nyandhak Banjar ||

37. Rajèng Banjar ing Sambawa uwis | nora nana kang kaya mangkana | para raja darijine | Pangran Buminatèku | anak raja kaya gêmbili | dadi mangkana nora | ala anyarandu | tan ana kang tinêmua | Ki Tumênggung Rajaniti awêwarni | mau iya pangeran ||

38. animbali kang para dipati | duwe pikir animbangi mêngsah | yèn mungsuh prapta marene | pinurugi ing pungkur | tinimbangan mungsuh ing Gandhing | nanging poma enjoha | mung lambe latipun | mundhak anggêgalak racak | mungsuh iki kabèh padha muring-muring | dene polahe uga ||

39. mila pangran papat dèn buwangi | marang Selong bisa akal apa | iku kang duwe panggawe | samôngsa pisah iku | lan Kumpêni pasthi dèn jonjit | para kadang sadaya | iya mungsuh iku | tyase akèh lir binakar | aningali

--- 17 ---

kadange kang siji iki | dene ala kaliwat ||

40. yèn bisaa iku kang nglakoni | kaya sanak-sanake sadaya | ing aprang sarta gêlare | môngsa dadak jêrunthul | bali mulih nyang Sala malih | sajêge dadi mêngsah | durung canthuk lawung | iya aku dhewe nora | anglurugi durung tau anêmoni | pinaranana bocah ||

41. parandene malêncing anggêndring | mêngko maning yèn iku bisaa | mung Sakèbêr pakolihe | kowe anganthi iku | ana uga iya sakêdhik | duwe ling-aling sira | yèn pamuking mungsuh | sayêkti aduwe taha | mara iku ujêr kadange sayêkti | durung tega rusaka ||

42. yèn bisaa dhèwèke nglakoni | iya môngsa kaponthal-ponthala | galèthèk mulih marene | saking jêjêrihipun | nora nana gêlêm angabdi | mangkana pukul gangsal | mayor praptanipun | Sakèbêr palês Samarang | pondhokane Ki Tumênggung Rajaniti | tata ing kursi lênggah ||

43. Mayor Pèbêr bisik-bisik angling | heh tumênggung paran budinira | iya panggawean kiye | alawan nora uwus | sira karya amaekani | sun iki yèn bisaa | iyaa katêmu | lan Susunan Kabanaran | iya iku Pangerane Mangkubumi | ngong matur kang watgata ||

44. angur iya anglakoni mangkin | anampani paron tanah Jawa | durung pati kèh rusake | ing besuk pan kaduwung | nagarane wus bosah-basih |

--- 18 ---

iya môngsa wurunga | pêparoning ratu | yèn Susunan Surakarta | jaluk aprang ngawaki nglurug pribadi | prih sirnaning kang mêngsah ||

45. yèn mêngkono tan kêna pinalih | Rajaniti bêkès saurira | basakêna sira kuwe | sêkèh reyal jinaluk | apa gawe aprang pribadi | yèn kowe durung sirna | apa gawe magut | Sakèbêr malih wuwusnya | reyal apa dene mungguh si pasisir | iku seje prakara ||

46. basa Susunan Surakartèki | yèn apranga pantêse digdaya | iya na panêngêrane | Rajaniti sru muwus | iya apa têtêngêrnèki | Sakèbêr malih mojar | iya astanipun | durung tumon wong mangkana | sun tabean drijine kaya pênjalin | yèku goning prawira ||

47. Rajaniti gumujêng sarya ngling | iya lamun arsa ngawaki prang | nanging ta dudu bênêre | awit duk sang aprabu | kang sumare Nglawiyan jangji | marma Kumpêni tômpa | pasisir sadarum | Kumpêni ingkang anôngga | bot repote praja mungguhing ajurit | sigêg gantya winarna ||

48. ingkang wontên Garobogan nagri | Adipati Pugêr amiyarsa | lamun ing Madura mangke | wontên wong dhêkah gunung | gêntur dènnya amangun tèki | kabul ing pujinira | kathah muridipun | sang dipati gya utusan | anêniti nama kawijilannèki | wau kang mangun tapa ||

49. wangsulira utusan tur uning | ing Maduntên inggih sapunika | ingkang têngga nagarine |

--- 19 ---

awis pêpênêdipun | têlas sami wontên ing ngriki | kang sami baris Pokak | kèh pêpênêdipun | dene sampeyan miyarsa | ing pratapan Pak Nisab inggih sayêkti | kabul ingkang dêrajat ||

50. sang dipati mèsêm ngandikaris | iya sira balia mring Sampang | wèhna layang ingsun kiye | marang Pak Nisab iku | lawan ingsun akirim picis | satus dadi pratôndha | sakêmbaran pistul | talêmpake sakêmbaran | gêrandime godhi buntêlaning upih | iya nora katara ||

51. laku santri mêtu ing Garêsik | lakunira pan ora katara | sêrat pinaringkên age | lawan magang Sidayu | kinèn tumut tiyang kêkalih | layang munggèng jro kitab | nêmbah sigra laju | laku santri wong sakawan | tan kawarna ing marga praptèng Garêsik | lajêng nabrang mring Sampang ||

52. catur duta ing Madura prapti | wau anèng pondhoke Pak Nisab | kang sêrat pinaringake | kagyat tinampan sampun | garagapan dènnya nanggapi | duta binêkta ngiwa | binuka sratipun | pèngêt puniki kang sêrat | sarta salam bapa dika Ki Bupati | Pugêr ing Garobogan ||

53. Ki Sèh Marcu senapati murti | kang baboni wong môncanagara | wiyose sêrat ngong kiye | kang têka anak ingsun | bok dhèwèke kelangan wiji | dudu trah bêndarakan | dudu trahing dhusun | dhèwèke iku kang canggah | Pangran Macan ing Sumênêp ingkang pasthi | padha [pa...]

--- 20 ---

[...dha] trah Brawijaya ||

54. mêngko antuk pitulungan Widi | ampuh ing sabda mandi ing japa | aja lali ing wijine | bumi pitulas èwu | ing Madura Sumênêp iki | Sampang lan ing Balega | Pakacanganipun | Pamêkasan Ngarisbaya | iku kabèh dhèwèke kang gênti waris | ing mêngko kala môngsa ||

55. ing Madura prajurite sêpi | padha anglurug marang Mataram | iya iku wus sêdhênge | amangun ing prang pupuh | umadêga apacak baris | ambêdhah ing Madura | salina jêjuluk | Panêmbahan Lokantara | senapati paprangan adining jurit | ing Saklah wus pranyata ||

56. lawan ingsun sung pratôndha kêdhik | reyal satus pistul sakêmbaran | sakêmbaran talêmpake | ginêrandim mas iku | panjurung ngong mring nak dipati | muga ta kalakona | pitutur kang tuhu | titi tamat kang sayogya | saèsthine abipraya ambantoni | payo nuli gambuha ||

71. Gambuh

1. Pak Nisab duk angrungu | têmbunging sêrat suwarnèng tanduk | gumaregah tyasnya bangun alin-alin | surane wardaya nêmpuh | mubal bang-banging palugon ||

2. akèh bêcikanipun | winêkasakên prapta barubul | winangsitan yèn arsa amadêg baris | prapta sagêgamanipun | wus kathah kumpul ponang wong ||

3. wong desa urut gunung | watawis wontên wong pitung atus | wus pratôndha amadêg apacak baris | sampun asalin jêjuluk | panêmbahan [pa...]

--- 21 ---

[...nêmbahan] undhanging wong ||

4. Lokantara linuhung | senapati sura sudibyanung | talitine kang mêngku Madura nagri | têrah Brawijaya Prabu | kasup ing jayèng palugon ||

5. dutane Pugêr mantuk | barêng lan santri bodhol kumêbul | samya mancal angantosi ing Garêsik | arsa wruh têmpuhing pupuh | unggule tanapi asor ||

6. wau ta kang winuwus | Lokantara ambêdholkên sampun | barisira majêng dhatêng ing nagari | wus anêdya ambêk purun | gènnya amangun prang pupoh ||

7. gantya ingkang winuwus | Panêmbahan Cakraningrat sampun | myarsa warta yèn ana wong madêg baris | wus akathah balanipun | arsa ngrabasèng kadhaton ||

8. panêmbahan gya dhawuh | ngêrig sagung wadyabalanipun | sawontêne prajurit kang kinèn gitik | Dinagara tindhihipun | saking nagari wus bodhol ||

9. ing Tajungan kapêthuk | barising mungsuh lajêng acampuh | lajêng angrok tan dangu bêdhil-binêdhil | sampun buwang bêdhilipun | wong gunung tarunge ngosog ||

10. tumbak-tinumbak caruk | ulêng arame suduk-sinuduk | mungsuh rowang sampun kathah kang ngêmasi | ngêkêskên prabawanipun | Radèn Adinagara sor ||

11. ngoncati dèn bêbujung | katawur-tawur ingkang kaburu | Panêmbahan Cakraningrat animbali | patih jro wus praptèng ngayun | Rêksanagara agupoh ||

12. nêmbah ngandika asru | Saleman age [a...]

--- 22 ---

[...ge] maguta mungsuh | lan mampira ing loji tutura aglis | marang kumêndhan puniku | dèn prayitna ana mungsoh ||

13. Mas Rêksanagarèku | mampir ing loji sabalanipun | lawan Radèn Sabandar sarêngirèki | wus lapur barise laju | lampahe tan kongsi adoh ||

14. kapêthuk kang ambujung | Rêksanagara lajêng acampuh | rame rukêt Rêksanagara katitih | balane malêdug mawur | wus lumayu kinakodhol ||

15. kang binajungbinujung. kèh wangsul | sami ambalik tumbak siningkur | katarima pambalike dèn amini | pinêrnah munggèng panganjur | wus akèh kang milu mungsoh ||

16. praja gègèr gumuruh | wetan lan kidul praptane mungsuh | sami sêkti binêdhil sumbut tan kodhil | wong wêdi akèh lokipun | pawartane wuwuh uwong ||

17. Rêksanagara wau | datanpa rencang ing praptanipun | akèh mati kang urip sami ambalik | panêmbahan langkung gugup | karsane aprang andepok ||

18. wadya sangêt turipun | ngaturan sami lolos rumuhun | benjing malih angayun manah rumiyin | prajurit ingkang katawur | lan mêngsah lagya winongwong ||

19. panêmbahan anggugu | mungsuh marêmpak ing wetan kidul | panêmbahan wus gumingsir marang loji | lan sagarwaputranipun | kang kagungan samya winot ||

20. ing kuda miwah lêmbu | kumêndhan agya dènira mêthuk | panêmbahan mung pitulas ingkang abdi | wolulas [wolula...]

--- 23 ---

[...s] kalawan guru | Kyai Dulkarim tan adoh ||

21. masang mariyêmipun | tinata rakit sêlekonipun | êlêt lèpèn dalême kalawan loji | dalêm wus kabrokan mungsuh | Pak Nisab sigra ngadhaton ||

22. Madura bêdhahipun | dening Pak Nisab ing wulanipun | Dulkangidah taksih jroning taun Alip | dutane Martapurèku | ngantosi Madura kawon ||

23. wus lajêng lampahipun | saking Garêsik Grobogan rawuh | katur lamun Madura bêdhahirèki | Dipati Pugêr gya ngutus | mring Kabanaran sang katong ||

24. katur pratelanipun | nênggih ing Madura bêdhahipun | panggawene Dipati Pugêr kang dadi | kamandaka bêbalithuk | gawe pêcah êndhasing wong ||

25. langkung suka anggugug | Rajèng Kabanaran duk angrungu | pratelane Dipati Pugêr anênggih | gaib pakarya kang lêmbut | sigra parentah sang katong ||

26. gandhèk ing lampahipun | dhawuh kang putra parentahipun | baris Pokak aja na kang dèn lèncèri | dèn kèndêlna bae iku | parandene êmèh bodhol ||

27. dhawuh ing gandhèk wau | pangeran lawan para tumênggung | kayaparan wadine sri narapati | maneka parentahipun | gaib durung binadhe wroh ||

28. malih ingkang winuwus | Kapitan Madura dutanipun | marang Surabaya marang ing Samawis | yèn Madura ana mungsuh | wong Surabaya mirantos ||

29. dêlèr kalangkung [ka...]

--- 24 ---

[...langkung] ngungun | yèn Madura binêdhah ing mungsuh | lajêng surat parentah ingkang abaris | Pokak sami kinèn mundur | Mayor Sakèbêr lan Êkop ||

30. dene Maduranipun | kinèn lajêng mêdala Madiun | nulya anjog nagari ing Surawèsthi | Dulkangidah wolu likur | baris ing Pokak wus bodhol ||

31. sigra pangeran wau | Mangkunagara lan pra tumênggung | dhatêng Pokak mariksa tilasing baris | kinèn angobongi sampun | ulading dahana anggro ||

32. pangeran wus angutus | atur uninga ing rama prabu | lamun baris Pokak mangke minggat sami | lêrês pamêca sang prabu | ing mangke sayêkti bodhol ||

33. prapta kang pra tumênggung | ing Kabanaran wadya lit agung | andêdulu tembak sapinggiring margi | gumyah ing pangucapipun | yèn mungsuhe sampun kawon ||

34. suka kalangkung-langkung | sanagara ing pangrasanipun | mungsuh sirna alêga raosing galih | tan wruh yèn masih ambrubul | wau gênti winiraos ||

35. prajurit Surèngkewuh | budhal dhingini wong kalih èwu | atêtulung Tambakbaya kang dhingini | lawan Jayadiranèku | samya prajurit tos-atos ||

36. lancaran lampahipun | wong kalih èwu baita satus | wong Kumpêni kang badhe mangkat ing jurit | Kapitan Uce tinuduh | kapitan kang saking Gêmbong ||

37. Kumpêni putih satus | wong Bali Bugis kang kalih atus | mèh anumpak prajurit [pra...]

--- 25 ---

[...jurit] Madura prapti | Arya Môncanagarèku | kèrid sadaya punang wong ||

38. kang saking Pokak kêbut | pangeranira anjog Madiun | mêdal saking Kadhiri anjogirèki | prapta nagrira Surèngkewuh |Lebih satu suku kata: prapta nagri Surèngkewuh. wus panggih prajurit amor ||

39. sarêng pamancalipun | wong Surabaya ingkang rumuhun | sampun mêntas dharatan wong Madurèki | lajêng pacak barisipun | mèh mangsah wontên pawartos ||

40. Madura praptanipun | lawan Kumpêni mèh prapta wau | tan antara êntase bala Kumpêni | Madura mung kalih èwu | kang dhingin lan Walônda wor ||

41. wus dadi rêmbagipun | lan wong Surabaya lajêng magut | ingkang munggèng dhadha pan bala Kumpêni | kang pangawat têngênipun | wong Surabaya kang kinon ||

42. Madura kiwanipun | Mas Arya Môncanagaranipun | lajêng lampahira manjing jroning puri | Panbahan Lokantarèku | Pak Nisab mirsa pawartos ||

43. yèn mêngsahira rawuh | angumpulakên prajuritipun | wontên sèwu mèt papan rêmbag prayogi | kutha Bangkalan puniku | ginawea aprang sompok ||

44. cêlak samodranipun | pênêt tajungan papan apêthuk | papan kobèt aradin cêlak wanadri | wong aprang pênêdirèku | wus dadi rêmbag ambolos ||

45. agugup lampahipun | wong Surabaya duk praptanipun | lan Madura miwah abala Kumpêni | kutha Bangkalan wus suwung |

--- 26 ---

Nisab Lokantara bolos ||

46. nanging ta botên dangu | Mas Riya Môncanagara wangsul | miwah sira prajurit Surabayèki | gumrêdêg sami anusul | apan dèrèng kongsi adoh ||

47. nèng jaban kithanipun | nèng ara-ara lèr wetanipun | wus kacandhak Pak Nisab ngabani nolih | Panbahan Lokantarèku | barise mapag anggolong ||

48. lajêng dènira campuh | Mas Riya Môncanagara ngamuk | saking kilèn wong Surabaya nadhahi | saking kidul wetan nêmpuh | rame têmpuh ing palugon ||

49. ya ubêgan jronipun | dadya nèng têngah sarowangipun | Panêmbahan Cakraningrat angaturi | kondur marang dalêmipun | Kumpêni kang wus anèng jro ||

50. panggih sakonduripun | lan panêmbahan rangkul-rinangkul | kawuwusa wau kang rame ajurit | mungsuh rowang akèh lampus | rukêting prang liru ênggon ||

51. Pak Nisab balanipun | kantun akêdhik nglela gènipun | Panji Surèngrana anarajang wani | tinumbak Pak Nisab rubuh | Mas Riya sigra angêthok ||

52. Pak Nisab sampun lampus | bala sakarine sami mawur | kang kacandhak urip sami dèn bandani | antuk bandan pitung puluh | binêkta anêmbang sinom ||

72. Sinom

1. bubar sagunging gêgaman | sapraptanirèng nagari | Panêmbahan Cakraningrat | pinarak pasowan jawi | lawan tamunirèki | Kapitan Uce puniku | miwah

--- 27 ---

kumêndhanira | kang prapta saking ajurit | mangsah nêmbah Mas Arya Môncanagara ||

2. myang Panji Suranagara | Kartayuda Kartasari | samya ngabêkti sadaya | miwah ingkang para mantri | lan para lurah sami | punika ingkang angujung | Arya Môncanagara | nuwun umatur ing gusti | wontên jawi prajurit ing Surapringga ||

3. angirid pun Jawirana | lawan pun Tambakbayèki | wau prang kang nyêgat wetan | prajurit ing Surawèsthi | kathah tuke pêpati | Pak Nisab pangisisipun | kamuk wong Surabaya | sigra wau dèn timbali | kang pangirid santana ing Surabaya ||

4. Jadirana Tambakbaya | prapta wus munggèng ing kursi | Mas Arya Môncanagara | dinangu dènira jurit | anèng Pajang Matawis | ping sakawan yudanipun | duk aprang Toyadana | punika prang kang sayêkti | kang ngawaki susunan ing Kabanaran ||

5. Cakraningrat angandika | apa iku Mangkubumi | nama Sunan Kabanaran | Mas Riya umatur inggih | sae tangkêping jurit | atêtêg sarta asaguh | jênêngi ing ayuda | pinarak wontên ing kursi | datan osik sinêrot angeca-eca ||

6. pêpangkone ngarsa bubrah | lumajêng anganan ngeri | tan osik dènira lênggah | angêndhangi carabali | sarwi songsonge kuning | pan abdi dalêm pukulun | pra lurah kathah cêlak | nanging botên manah gigrig | amung ngawe-awe ing têtabuh kêndhang ||

7. abdi dalêm mundur nêmbah | pan dèrèng angsal [angsa...]

--- 28 ---

[...l] wêwêling | inggih saking jêng pangeran | purun dhatêng Mangkubumi | mung mring rencange inggih | sak ênggèn-ênggène purun | mèsêm duk amiyarsa | goyang kapalanirèki | ngusap jaja Panêmbahan Cakraningrat ||

8. apa ta wus sugih bala | dene madêg narapati | Mas Arya Môncanagara | umatur saha wotsari | duk prang Toyadanèki | prajurit kapalanipun | watawis tigang lêksa | kang dharat kadya jaladri | banderane pan sèwu malah langkunga ||

9. bupatine sami bêkta | kodhokngorèk carabali | galaganjur inggih kathah | pating jalêgur ngajurit | abra busananèki | angerami dhuh pukulun | kadya wukir dahana | kula prang kapalan inggih | kawan wêlas abdi dalêm kang pêjah prang ||

10. inggih pun Carangcintaka | pêjah prang Toyadanèki | mantri pun Kudapramila | lawan pun Kidang Garingsing | pun Dêmang Wanarungsit | lan pun Gajah Angun-angun | gih pun Carangpradapa | pêjah prang dhusun Karangri | Panji Kartadirja prang ing Tundhasara ||

11. kang pêjah prang kalih setan | kang sami tinêdha gêring | wolung atus pitung dasa | abdi paduka prajurit | gring sore esuk mati | gêring esuk sore lampus | kathah binadhog setan | lawan kang pêjah ajurit | langkung ngungun Panêmbahan Cakraningrat ||

12. Kapitan Uce kalawan | prajurit ing Surawèsthi | kawan dintêne Madura | budhal mantuk Surawèsthi | utusan mring Samawis | tur uninga [uni...]

--- 29 ---

[...nga] mring gupêrnur | yèn karaman wus pêjah | aprang ingkang amêjahi | patih kula lawan misanan kawula ||

13. pun Arya Môncanagara | mêmisanan kawulèki | gih pun Panji Surèngrana | prajurit ing Surawèsthi | punika kang numpêsi | wong karaman baturipun | kunêng nagri Madura | ingkang kawursita malih | Adipati Pugêr lan para ditya ||Kurang satu suku kata: Adipati Pugêr lan para dipatya.

50. Ing Mataram sami kalêmpakan Pangeran Adiwijaya katamtokakên ngêlar jajahan dhatêng Kêdhu

14. sowan dhatêng Kabanaran | gumuruh wadyanirèki | kalih èwu kang kapalan | tigang èwu dharatnèki | kathah tur pèni-pèni | tur-ature pra tumênggung | wong pasisir bang wetan | lampahe sang adipati | pan kêrigan ambêkta sagarwa putra ||

15. ing marga tan kawursita | lampahira anarêngi | Pangeran Mangkunagara | budhal saking ing Karangri | wus panggih anarêngi | tunggil pasipênganipun | anèng desa Jêmbangan | pangeran wadyanirèki | mantri ngajêng sami binêkta sadaya ||

16. miwah pra dipatinira | sadaya sami kinêrig | mung tilar mantri nyatunggal | kang têngga baris pangarsi | mila gumrah prasami | balane [bala...]

--- 30 ---

[...ne] para tumênggung | budhal marang Jêmbangan | wus angumpul pra dipati | ing Mateseh Ki Tumênggung Mangkuyuda ||

17. Ki Tumênggung Wiranata | Tumênggung Cakrajayèki | Tumênggung Suradigdaya | lan Suramangunjayèki | Tumênggung Gajah malih | Jayasudirja Tumênggung | Bupati Sokawatya | nênggih sami anarêngi | Jayadirja Mas Rôngga Wirasantika ||

18. Ki Tumênggung Brajadênta | lan Tumênggung Brajamusthi | bupati môncanagara | kèrid ing Pugêr Dipati | kumpul Jêmbangan sami | ing enjange budhalipun | praptane Kabanaran | tinata lampahirèki | pangkat-pangkat sagung kang para dipatya ||

19. gumrah wadya sanagara | ingkang sami nêningali | wong agung kang lagi prapta | unggul dènira ajurit | mungsuh minggat pribadi | gêbèl kang samya dêdulu | tembak pinggiring marga | ngalun-alun tata baris | ingurmatan sang nata nèng panangkilan ||

20. mariyêm ambal-ambalan | gumuruh drèling saragni | sirêp drèl munggang angangkang | Pangran Mangkunagarèki | mangsah lan Ki Dipati | Pugêr ing ngarsa sang prabu | Pangran Mangkunagara | anguswa padaniraji | Adipati Pugêr sampun sêsalaman ||

21. sagung kang para dipatya | êlur sami angabêkti | gantya kang mantri sadaya | rinilan sami bêbêkti | mantri jronipun inggih | Pangran Mangkunagarèku | sami ngujung sadaya | suka gumujêng sang aji | aningali pratingkahe sowang-sowang ||

22. lajêng sami adhadharan | sang nata nèng

--- 31 ---

pôncaniti | lan sagung kang pra santana | tuwin kang para dipati | sadaya para mantri | ambêng saking pura sêlur | kathah ngiras kasukan | utawi angiras pikir | ing Pagêlèn punika kang wangsul mangkat ||

23. tiwase kang duwe bawah | Pangeran Purubayèki | amung watês Bagawônta | Paglèn agung bola-bali | Pangran Purubayèki | mungsuh tumênggung binujung | kinodhol agung dhadhal | kaponthal dipun kêkinthil | angalênthar pothar-pathir kuthetheran ||

24. asring mèh prapta ing ajal | Pangeran Purubayèki | yèn binuru Arungbinang | tinukup anèng wanadri | rusak sawadyanèki | tan ana bêbêcikipun | pangeran mèh kacandhak | tan ana kang nanggulangi | Arungbinang kèngêtan lamun bandara ||

25. kinèndêlakên kewala | angungsi pinggiring wukir | pinggir jurang jroning wana | anglegok datan katawis | margine langkung wêrit | parandene ngabên sawung | prasami ngeca-eca | môngsa marenea ugi | dene kiwa mungsuhe môngsa wêruha ||

26. tan wruh mungsuhe nèng Tungkak | têlike Rungbinang kinthil | api-api asuwita | Pangeran Purubayèki | jêrih nora mangarti | mêmungsuhan rakitipun | kêna karti sampeka | dutane mungsuh ngênginthil | mila sagènipun umpêtan konangan ||

27. Ki Tumênggung Arungbinang | wus pratela turing têlik | gènnya andhêlik pangeran | apan arsa dèn purugi | sampun [sampu...]

--- 32 ---

[...n] samêkta sami | budhalira ki tumênggung | balane winatara | dharate kang dèn kathahi | angkatira ulur pan ora katara ||

28. datan kawarna ing marga | wus parêk mêdal ing wingking | saragni dharat nèng ngarsa | lampahe pating daringkik | Pangran Purubayèki | sakeca angabên sawung | binêdhil saking wuntat | bêdhil nêm sinungsun muni | sarta surak lumayu tilar dandanan ||

29. Pangran Arya Purubaya | lumayu kuwalik-walik | dandanan kabèh tinilar | adhacah lumayu gundhil | bature rêbut urip | jagone maksih atarung | pangeran mèh kacandhak | dudu tabêt satriyadi | sampun kadya palayune wong urakan ||

30. nênggih kang raka sang nata | mêncil abdine kang rayi | satunggal ingkang tinanggap | polah tingkahe kang rayi | nalika andon jurit | sapratingkahira katur | yèn kala kalêmpakan | tinuturakên sayêkti | dimèn sangêt merange nuntên kèndêla ||

31. nanging Pangeran Purbaya | tan nêdya lingsêm ginêmpil | wus nêmah angrasa tiwas | awrating pati ngur urip | awèt mangan rijêki | sapawasing têngu wêruh | lamun amaksih gêsang | ana kang nyandhak rêruntik | isin apa yèn misih dadi pangeran ||

32. ginaguyu sumyak-sumyak | prandene nora buriki | nora babak kulitingwang | pira-pira nanggulangi | yèn tibaa wong cilik | dêdukane kakang prabu | ajur môngsa kalapa | apa gawe lara pati |

--- 33 ---

sawusira dhaharan kondur ngadhatyan ||

33. wus samya eca tyasira | wadya Mataram gung alit | wuwuh arjaning nagara | nagari Surakartèki | rinupak kanan kering | mung kari saubing payung | mung tunggon ingkang wetan | Gêmblung Samin Jatisari | ing Bakonan Sanasèwu tumut mêngsah ||

34. dene sakidul nagara | ing Pamupusan lan Baki | wus alami tumut mêngsah | mung Kuwarasan kang mêksih | lan Babat kadhang-kadhing | angacungi marang mungsuh | Dipati Pringgalaya | ing Kaleca dènnya baris | Wanakarta agung rêbatan lan mêngsah ||

35. kunêng Prabu Surakarta | langkung dènira mong kingkin | abdine kang nanggi karya | datan wontên kang kuwawi | dhepok sadaya sami | sinôngga jêngira prabu | yatra kang kalih lêksa | pamêtune wong pasisir | kang salêksa gangsal èwu ginaladhag ||

36. ingkang kari gangsal nambang | sumêrêp ingoning dasih | sabên wulan nuwun utang | sakancane pra dipati | miwah kang para mantri | tan ana kang duwe batur | ing wong Jawa punika | sanadyan panèkêt mantri | kathah manjing Kumpêni soldhadhu samya ||

37. sang nata kaku tyasira | dene sagah ing Kumpêni | anyirnakakên ing mêngsah | sabên wulan kintun tulis | miwah upêrhup sami | darwili sêsambatipun | rèhning ing kêkirangan | mungguh têdhaning Kumpêni | saking dene wos pinêpêt dening mêngsah ||

38. idlèr langkung èmêngira | pangupaya tan pakolih | dene ta mêngsah punika |

--- 34 ---

mundhak wulan mundhak malih | nora sangsaya gêmpil | sangsayagung dumalundung | dadya graitanira | sapisan kas sun têmêni | angundhaki kathah karya Kumpêni Slam ||

39. lawan angaturi surat | ing kangjêng sri narapati | aja susah sri narendra | aprang karo mungsuh iki | lagi acari baik | amrih raharjaning laku | nyang dhapêt pukul bebas | jalan jangan dhuwa kali | aja susah sang nata dèn sabarêna ||

40. kunêng wawan pinarkara | idêlèr lawan sang aji | wuwusên nagri Mataram | sampun dadosakên pikir | Pangran Diwijayèki | ingkang tinuduh mring Kêdhu | badhe ngêlar jajahan | ngingkup mêrpêki pasisir | budhal saking ing nagari Kabanaran ||

41. bêkta bupati wadana | Bumi Bumija Panumping | Panumpinge Wiraguna | Bumija Natayudèki | wadanane wong Bumi | Tumênggung Mangkuprajèku | senapatining lampah | Pangran Adiwijayèki | têtindhihe Dipati Suryanagara ||

42. bêkta kêkalih punggawa | Môndraka Wiradigdèki | praptane Kêdhu sadaya | nèng Cangak gêng pacak baris | abagi lampahnèki | Tumênggung Natayudèku | badhe amrêp ing Kêndhal | Jagaulatan kinanthi | matapita mantri Kamangkunagaran ||

43. Ki Tumênggung Wiraguna | kang mrêpêki Lèpèntangi | Môndaraka Wiradigda | ngalèr ngetan jog ing Pingit | Bahrawa dèn prêpêki | kang para Dipati Kêdhu | kang tumut Surakarta | bubar saking Pokak nguni | Mangkuyuda

--- 35 ---

Wiradigda nèng Bahrawa ||

44. dene wadana Bumija | unduran saking Samawis | Tumênggung Naladirana | tumut wontên ing Bahrawi | duk angsal kalih sasi | Naladirana Tumênggung | lara edan andadra | inganti tan kêna mari | gya pinêcat Tumênggung Naladirana ||

45. tanêman saking sang nata | wau ta ingkang kinardi | Tumênggung Jayawikrama | wus nama Nalayudèki | abaris anèng Rawi | katri bupati ing Kêdhu | wuwusên Natayuda | Natayuda ing Matawis | sampun ngancik têpis wiring nagri Kêndhal ||

46. pinêthuk agung ayuda | lawan kang duwe nagari | Tumênggung Singawijaya | rame dènira ajurit | kapupu wus ngêmasi | Tumênggung Natayudèku | mundur kang gitik Kêndhal | ing Bahrawa dèn bantoni | Kumpênine ran Johan Hindrik Abraham ||

47. Kumpênine salawe prah | tigang dasa jalan kaki | satus Kumpênine Islam | para mantri ing Samawis | lan mantri ing Bahrawi | praptaning Bahrawa têpung | Bupati Surakarta | wus rêmbag manjingkên baris | lan Kapitan Yan Hindrik Johan Abraham ||

48. baris Pingit inginggahan | pinêthuk campuh ing jurit | nanging prange êlêt jurang | arame bêdhil-binêdhil | tan ana kang nabrangi | jurang sangêt lêbêtipun | Johan Hindrik Abraham | kêdah majêng dèn gondhèli | dening sagung kang pra dipati sadaya ||

49. Yan Hindrik Johan Abraham | bêkta mariyêm satunggil | kang kinarya bêbalangan | Môndraka [Môndra...]

--- 36 ---

[...ka] Wiradigdèki | mêndhêt ampungan sami | sapih kasaput ing surup | Hindrik Johan Abraham | mundur marang Sitirawi | anèng Jambu gènira apamondhokan ||

50. Môndaraka Wiradigda | wangsul makuwon ing Pingit | dalu-dalu tur uninga | mring Rahadèn Adipati | Suryanagara nênggih | asarêngan praptanipun | duta kang saking Kêndhal | Pangran Adiwijayèki | tur uninga lamun ingkang rayi tiwas ||

51. Ki Tumênggung Natayuda | dènnya campuh ing prang wingi | wontên ing Parakan Kêndhal | Pangran Adiwijayèki | ngungun waspa drês mijil | mirsa ipenira lampus | madêg krodhèng wardaya | gupuh dènira nimbali | marang Radèn Dipati Suryanagara ||

52. adhi paran karsa dika | Si Natayuda ngêmasi | prang wontên Parakan Kêndhal | kula adhi benjing-enjing | umagut ing ajurit | ing Kêndhal nuli ginêpuk | Radèn Suryanagara | umatur anggèr dèn ririh | pan sampeyan punika pinaju tiga ||

53. pun Tumênggung Wiraguna | mundur wingi dènnya jurit | mundur dhatêng Kajomboran | mêngsah saking wetan prapti | kang saking Sitirawi | Kumpêni têtindhipun | Hindrik Johan Abraham | wingi campuh wetan Pingit | Wiradigda Môndraka yudakênaka ||

73. Pangkur

1. têlik kula ingkang prapta | pun Sakèbêr badhe ingkang mariki | ambêkta dragundêr satus | rongatus Kumpêni Slam | dados dhadha ing Kaliwungu mangidul | kang kilèn pangawat kanan | pun Jayaningrat [Jaya...]

--- 37 ---

[...ningrat] Dipati ||

2. ngêrig pasisir pangiwa | sampun prapta baris wontên Walèri | pan agêng dêdamêlipun | Dipati Pakalongan | ingkang kiwa Kumpêni pangawatipun | Yan Hindrik Johan Abraham | lah ta anggèr kadipundi ||

3. kinunêng kang sampun tiwas | ingkang kantun pinikir kang prayogi | kula botên ajrih lampus | yèn sampun kalêrêsan | Pangran Adiwijaya ngandika arum | lah paran ecaning lampah | Dipati Suryanagari ||

4. anggèr yèn mênggah kawula | ingkang kilèn anggèr kula kawali | pun Tumênggung Singaranu | lawan Mantri Bumija | siti lère rayi sampêyan pukulun | ing tatane botên owah | majêng mangalèr ing benjing ||

5. pun Tumênggung Wiraguna | binantonan sapalih Mantri Bumi | sampun ebah ênggonipun | saking Jombor kewala | dene kula ing benjing ingkang amukul | Yan Hindrik Johan Abraham | yèn wontên ungguling jurit ||

6. lamun kawula kasoran | inggih anggèr kula mundur rumiyin | dhatêng Payaman pukulun | Singaranu ngriwuka | Jagalatan sami kinèn aprang ngriwuk | pun Dipati Pangangsalan | awrat sinôngga ing jurit ||

7. prajuritipun akathah | santanane mantrine bêcik-bêcik | sanadyan Jawi pukulun | lamun trahing prawira | kapupugan paribasan bôndha-bandhu | sayêkti kathah pêpêjah | pun Jayaningrat Dipati ||

8. ing dalu tan winursita |

--- 38 ---

enjing budhal kang pinatah ing jurit | Ki Tumênggung Singaranu | lawan Mantri Bumija | Mantri Bumi sapalih ingkang bêbantu | mring Tumênggung Wiraguna | Dipati Suryanagari ||

9. lawan Ki Jagaulatan | abêbantu kang baris anèng Pingit | wadyanira pitung atus | prajurit kang turôngga | Jagalatan prajurite tigang atus | Dipati Suryanagara | sapraptanira ing Pingit ||

10. lajêng ngetan saha bala | Môndaraka lawan Wiradigdèki | wau kang baris ing Jambu | enjing têngara budhal | pra dipati tan kari sabalanipun | Yan Hindrik Johan Abraham | angirid bala Kumpêni ||

11. lagya satêngah onjotan | pan kapêthuk ing mêngsah andhatêngi | Jagaulatan nèng ngayun | kèndêl Kumpêni mapag | Mangkuyuda kang pangawat têngênipun | kiwane Ki Wiradigda | ing dhadha bala Kumpêni ||

12. Dipati Suryanagara | munggèng kiwa dhadha Wiradigdèki | sami Wiradigdanipun | mungsuh kalawan rowang | Môndaraka Tumênggung Mangkuyudèku | Dipati Suryanagara | mangsah dharat dèn songsongi ||

13. Kumpêni kang anèng dhadha | majêng Suryanagara payungnèki | wus parêk lajêng acampuh | bêndhe bèri sauran | drèl sapisan Suryanagara angamuk | lawan kang saragni dharat | rame patêmpuhing jurit ||

14. Yan Hindrik Johan Abraham | ngabani drèl tan kongsi kaping kalih | mêngkap pangawate larut | apan karoban lawan | dadya mundur wong

--- 39 ---

Kêdhu nora amburu | samya lumampah kewala | ririh kadya ngiring-iring ||

15. tan kongsi kathah kang pêjah | mung têtiga Kumpêni kang ngêmasi | pambêrêge prapta Jambu | kèndêl Suryanagara | Jagaulatan kinèn ngobongi dhusun | wus mundur Suryanagara | wangsul baris Pingit malih ||

16. Dipati Suryanagara | pêparentah dhatêng tumênggung kalih | Môndraka Wiradigdèku | aja anglarag-nglarag | mungsuh iki apan agêdhe ing pungkur | Adipati Jayaningrat | wus prapta ing Lapèntangi ||

17. Yan Hindrik Johan Abraham | tinimbalan mantuk dhatêng Samawis | dêlèr lagya amêmantu | têtilare sang nata | kang sumare Nglaweyan pangrutènipun | mila Dipati Janingrat | enggal praptaa Samawis ||

18. nadyan ta benjang ngluruga | maring Kêdhu budhal saking Samawis | pêpak punggawa gung-agung | angiras pirêmbagan | lan ing môngsa kalanira taun baru | bupati sami ngandikan | pêpakan anèng Samawis ||

19. Dèn Ajêng Jabir kang tuwa | tinarimakakên Bagus Karnadi | anak Rôngga Kaliwungu | dene Dèn Ajêng Warsah | tinarimakakên Radèn Tawangalun | putranira Panêmbahan | Cakraningrat Madurèki ||

20. aningkah sarêng sadina | langkung rame pista nagri Samawis | gumuruh môngsa puniku | nagari ing Samarang | pira-pira tontonan kasukan nutug | Adipati Jayaningrat | paningkahe kang malèni ||

21. panggih wismaning dipatya | êdrèlira [êdrèli...]

--- 40 ---

[...ra] ningkah kalawan panggih | urmat mariyêm gumuntur | kadya nêngkêr triloka | dènnya ambal-ambalan gora gumuruh | kontrag sapraja Samarang | tigang dalu pra dipati ||

22. lan Sakèbêr budhalira | marang Kêdhu lawan Radèn Dipati | Pakalongan tanggalipun | Sura kaping limalas | panggih putri kaping rolas tanggalipun | pinarêng sangkalanira | sami arga ngrasa tunggil ||Sengkalan: sami arga ngrasa tunggil (12 Sura 1671 A.J., 4 Februari 1746 A.D.).

23. ing taun Ehe punika | salin taun adêge sri bupati | kang lumayu marang Kêdhu | Pamalang sapangetan | Kaliwungu Watês sapangilènipun | Adipati Jayaningrat | kang minôngka senapati ||

24. senapatining Walônda | mayor kalih tuwa noming prakawis | Mayor Kop kang nama sêpuh | Sakèbêr senamudha | Dragundêre Sakèbêr Kop sami nyatus | jalan kakine nyawidak | ngalih bêlah Islamnèki ||

25. jog Kaliwungu supaya | sagung ingkang dêdamêl dadi siji | môngka senapatinipun | Dipati Pakalongan | payung kuning katigalit putranipun | Tumênggung Kêndhal kinarya | pianjur lampahing baris ||

26. sadalu amasanggrahan | bumi Kaliwungu enjinge malih | wus anjog talatah Kêdhu | kèndêl anèng Madana | ingkang baris ing Pingit cêlak lumayu | angumpul kang baris Cathak | nanging ing tyas sami miris ||

27. dene senapati Jawa | andalêdêg dhasar sugih prajurit | lawan kuning payungipun | sugih rajabarana | andalêdêg aladak bupatinipun | anggagrag [anggagra...]

--- 41 ---

[...g] sugih pêpêjah | mêngsahe prasamya miris ||

28. Pangeran Adiwijaya | sampun rêmbag lan sagung pra dipati | sami ngunduri mangidul | kèndêl baris Payaman | Adipati Jayaningrat wus angrungu | mêngsah mundur mring Payaman | rêmbag ngajêngakên baris ||

29. mayor kalih anut samya | ing karsane wau radèn dipati | saking Madana wus kêbut | kang wadyagung wus prapta | kèndêl Cathak gyanya pacak barisipun | pra dipati Surakarta | kang wontên ing Sitirawi ||

30. wus sami miyarsa warta | baris agung wus nabrang jurang Pingit | gugup bêdhol barisipun | nusul wus praptèng Cathak | tinimbalan sagung kang para tumênggung | mring Dipati Jayaningrat | ngarsane mayor kêkalih ||

31. sami tinakèn pawarta | ana ngêndi kang bèi mungsuh iki | apa dadi siji iku | kumpul baris Payaman | Ki Tumênggung Mangkuyuda gya sumaur | tuwan pan amung têtiga | wontên Payaman puniki ||

32. Pangeran Adiwijaya | lan Dipati Suryanagara nênggih | lan Radèn Mangkuprajèku | dene kang kathah-kathah | sami mêcah Kilènpragi Singaranu | kalawan Mangunkusuma | nèng Têpasarana baris ||

33. Ki Tumênggung Môndaraka | nèng Manorèh sami Kilènpêragi | kang cêlak wetan puniku | wukir kêbak barisnya | Jagalatan lan pun Wiradigdanipun | Mayor Kop goyang kapala | punika paran ing pikir ||

34. wau ta kang kawuwusa | Pangran Adiwijaya nonjok [no...]

--- 42 ---

[...njok] tulis | mring dipati suratipun | wong wadon kang ambêkta | tan kawruhan wus tinampan suratipun | binuka sinukmèng driya | pèngêt iki layang mami ||

35. Pangeran Adiwijaya | salam ingsun dhimas marang sirèki | Jayaningrat kang amêngku | nagari Pakalongan | wiyosipun adhi mas ingsun angrungu | baris iki kang misesa | si adhi pangwasèng jurit ||

36. dene ta nora kayaa | iya apa dhimas bisa nglakoni | salang panthêlêng lan ingsun | paran dadine baya | apan wite mulane lêlurah ingsun | anekad wani Walônda | dene paman adipati ||

37. sinelong kêdhik dosanya | yayi êmas aran pangrasanèki | apa nora kaya ingsun | anak lan kaponakan | kaponakan iki kang padha angrêbut | anake têka tarima | dêstun tanpa ngrasa yêkti ||

38. titi mèsêm duk miyarsa | nanging Sang Dipati Jayaningrat brit | nimbali pêpatihipun | Ngabèi Wiradirja | lan Ngabèi Tirtanagara katêlu | sira Rôngga Wirakrama | prapta inguncalan sami ||

39. iku padha rasakêna | kangmas Adiwijaya paring tulis | apa kangmas duka iku | apa layang têmênan | aturipun sumanggèng ngarsa pukulun | dene wawratan kawula | wêwêngkoning agêng sami ||

40. sambung rapêting watêkan | lan ing tangèh wangun ingkang tinuding | abdi tan sagêd anggayuh | mênggah raka paduka | Jêng Pangeran Adiwijaya pukulun | sampeyan [sa...]

--- 43 ---

[...mpeyan] môngsa kilapa | yêkti sampun malangsangi ||

41. kaduga sang adipatya | paring rèrèng pinarêngakên carik | kinarya kang sêrat sampun | katur sinungkên duta | duta èstri wus ingatêr antukipun | ing marga tan winursita | ing baris Payaman prapti ||

42. ing wanci pukul sawêlas | panggih dutanira suratiraglis | wêwangsulira wus katur | binuka sinukmèng tyas | pèngêt ingkang pangabêktinira katur | pun Dipati Jayaningrat | nguni kangmas paring tulis ||

43. ingkang dhawuh ing kawula | inggih sampun kawula tupiksani | timbalan tuwan kang dhawuh | mênggah karsa sampeyan | sampun lêrês tan wontêsanalah sarambut |Lebih satu suku kata: sampun lêrês tan wontên salah sarambut. yèn sampun pinarêngêna | kula punika prajangji ||

44. kula punika kang sagah | mêngsah kalih sampeyan ing ajurit | Kumpêni prajangjinipun | yèn kula ngawonêna | ing paduka kongsi kungsul saking Kêdhu | sayêkti rama paduka | saking Selong dèn luwari ||

45. dadya punikatur kula | lamun tuwan inggih ngowêl sayêkti | dhatêng pun paman pukulun | tuwan angoncatana | yèn sampeyan wangkot sayêkti kulamuk | de paduka kêdah tahan | mulat ing kula ngajurit ||

46. kula benjing-enjing mêngsah | inggih datan darbe atur kêkalih | titi tamat suratipun | Pangran Adiwijaya | pan pinunggêl Radèn Suryanagarèku | prapta inguncalan sêrat | adhi kadipundi pikir ||

47. punika tonjoke prapta | ing Supama inggih ing benjing-enjing |

--- 44 ---

nêkani gitik prang pupuh | paran pênêde uga | Adipati Suryanagara umatur | sumôngga karsa sampeyan | sayêkti kalih prakawis ||

48. lamun paduka mêthuka | botên kenging tundha bema ngajurit | ing warti wêwatêkipun | galak lanas kalintang | têmah gajah mawi lar gôngsa lar wadung | lar pêdhang gamaning aprang | sintên kuwawi nadhahi ||

49. sugih santosa tur bôndha | abalaba luwih saking bèr budi | sayêkti bot bobotipun | sanadyan makatêna | yèn sampeyan sagah anggagahi saguh | rêmak-rêmpu ing ayuda | kula pan maksih kadugi ||

50. lan pun kakang Wiradigda | paman Môndaraka kalawan malih | paman Jagaulatipun | Singaranu kewala | anggèr lawan kang raka Radèn Tumênggung | Mangkupraja bakuhana | ing wuri sampun gumingsir ||

51. yèn rêmên rêmpu parênga | kula ingkang ngawaki ing pangirid | môngka manggalaning pamuk | kadi yèn katadhahan | lamun datan makatên sayêktinipun | kêmbang sungsang dika gancang | lumayu yèn kari mati ||

52. mung punikatur kawula | Pangran Adiwijaya duk miyarsi | lan Radèn Mangkuprajèku | sami angênês ing tyas | nora tahan andulu prang soroh amuk | Dipati Suryanagara | mulat ing wong agung kalih ||

53. lamun tyase sami gêmpal | Adipati Suryanagara angling | inggih kakang Singaranu | ingkang wingking akathah | mayor katri wartine [warti...]

--- 45 ---

[...ne] bêbantunipun | Yan Hindrik Johan Abraham | punika kang tumut malih ||

54. ambêkta Kumpêni samas | Bugis Bali pan inggih samas malih | benjing-enjing dhatêngipun | dawêg angêmbang sungsang | padha mubêng ngucira ing pinggir gunung | ing dalu tan kawuwusa | enjing wau kang kawarni ||

55. Adipati Jayaningrat | wus utusan bilang ing mayor kalih | kalamun arsa amukul | kang baris ing Payaman | wus têngara prajurite sami kumpul | mayor kêkalih asigra | amanggil kang pra dipati ||

56. prapta gya pinarentahan | tuwan-tuwan wau Radèn Dipati | Pakalongan arsa mukul | mungsuh baris Payaman | nanging kula wêtara puniku wurung | dèn andhêg môngsa kênaa | nging dika sami tut wuri ||

57. Tumênggung Kêdhu sadaya | dika dandan manawa sêlak kari | kula inggih sesuk-esuk | sigra kang pra dipatya | samya pamit mantuk siyaga prang pupuh | Adipati Jayaningrat | budhal saha wadyanèki ||

58. mung rongatus kang turôngga | sang dipati munggèng ngarsa pribadi | pranakan bajo pinungtu | ginim sing wungu sêkar | tambal miring binathik bang nyampingipun | apaningsêt canthèl pisan | pan mawi dhuwung kêkalih ||

59. satunggil kêmalon abang | paningsête cindhe kênanga wilis | linômbalit cindhenipun | sarta udud kewala | datan kèndêl lajêng ing panêmpuhipun | Pangeran Adiwijaya | lan Radèn Mangkuprajèki ||

60. barise ngêlun kewala |

--- 46 ---

punggawane samya tumut angisis | gumrubyug lumayu ngidul | pangerane lumajar | amung Radèn Suryanagara anjêtung | anikêl palayunira | ngetan angalor jog wuri ||

61. lan Tumênggung Wiradigda | Jagalatan tumut lor wetan nênggih | Ki Tumênggung Singaranu | Tumênggung Môndaraka | sami ngilèn prayayi kalih angidul | kèndêl urut Prabalingga | Jayaningrat Adipati ||

62. wus angancik ing Payaman | pêndhak enjing Sakèbêr sawadyèki | prapta ing Payaman sampun | sami amanggih suka | nora aprang prasamya manggih kêkuwu | apacak biting santosa | pra dipati ngraras ati ||

74. Mijil

1. kunêng kala kang apacak baris | ing Payaman kang wong | sang dipati pasisir kang kilèn | Jayaningrat ingkang senapati | wong Kêdhu prasami | paron kang anusul ||

2. ingkang kèdêkan baris Kumpêni | sumuyud punang wong | kang kèdêkan ing mungsuh pan dèrèng | Kilènparaga kang kidul maksih | Môndraka nindhihi | lawan Singaranu ||

3. lawan Radèn Mangunkusumèki | dene kang bang êlor | urut Parakan wus suyud kabèh | angladèni panganing Kumpêni | mungsuh kang sasupit | Suryanagarèku ||

4. Jagalatan lan Wiradigdèki | baris ngetan ngalor | langkung sompok angidul têmahe | dadya nikêl-nikêl lampahnèki | ngidul ngilèn malih | mubêng gêlaripun ||

5. praptèng Tarayêm angilèn malih | kèndêl ing

--- 47 ---

Sarowol | nèng Sarowol apacak barise | duk puniku andinagung jurit | enceran prangnèki | ngrêriwuk bêbingung ||

6. wong pasisir yèn kasoran jurit | ambantu Mayor Kop | lan dipati ing Pakalongane | mungsuh nyalimpêt undure sami | ngucira ing jurit | anjog anèng pungkur ||

7. nanging langkung angèl marginèki | kathah papan ewoh | saking Kilènparagi jurange | ya ta ingkang kawuwusa malih | nagari Matawis | kang jumênêng ratu ||

51. Ing Mataram mantu Pangeran Singasari, ingkang Sinuhun ing Surakarta nêsêg Kumpêni supados paprangan enggal kadamêl rampung. Mataram badhe kakêpang

8. lagya mêmangun palakramaning | kang rayi sang katong | Pangran Arya Prabu Jaka mangke | tinariman sutaning dipati | Pugêr nèng jro puri | sang nata kang mangku ||

9. pamrihira Ki Pugêr Dipati | ing tyas dèn bisa mor | lan kang rayi kang binadhe-badhe | amanggiha pitulung Hyang Widi | amanggiha luwih | prayoga binangun ||

10. ngadatipun yèn Pugêr Dipati | singa kang dèn êmong | ora wurung ing kadadeane | mila pinasrahan ingkang rayi | kang sarira mangkin | kayêktèn satuhu ||

--- 48 ---

11. sukur dadia ngluwihi mami | dhimas Singasinom | mila Pugêr pinardi pamonge | mrih kadadeane ingkang rayi | ing mangkya kang rayi | ningkah jro kadhatun ||

12. pra santana sadaya wus mijil | bupati pinaro | kang saparo mring Kasingasarèn | kang sapalih saos ngiring-iring | wêdale sang putri | saking jro kadhatun ||

13. orêg sanagara jalu èstri | kang sami nênonton | para dipati sagêgamane | saragni drèl pangantèn duk mijil | pan samargi-margi | praptèng dalêmipun ||

14. Jêng Pangeran Arya Singasari | gumuruh ponang wong | lajêng kasukan kang pinangantèn | pra santana miwah pra dipati | bubar pukul katri | lakone wus tutug ||

15. datan winuwus lami gya panggih | Pangran Singasinom | Adipati Pugêr sakancane | para dipati môncanagari | kinèn ngirid malih | binêktan têtunggul ||

16. Pangran Arya Prabu Jaka nênggih | Pugêr ingkang kinon | amomonga kasenapatène | nanging kutha nagara pasisir | sawetan Samawis | sapangetanipun ||

17. pinaringkên sira Ki Dipati | Suranata kang wong | lan Tumênggung Gadamastakane | pinaringan wadya jro prajurit | aran Jagapati | nênggih wolung puluh ||

18. wusnya pinaringan nuwalèki | gya budhal mangalor | pra dipati sawadyabalane | wontên tigang èwu kumpulnèki | prajurit turanggi | bupati wêwolu ||

19. tan kawarna lampahirèng [lampahi...]

--- 49 ---

[...rèng] margi | Pangran Singasinom | lan Dipati Pugêr sakancane | praptèng Garobogan tata pikir | sadhiya prajurit | kèndêl pitung dalu ||

20. pacak barise lèr Balorèki | watêsan martêlon | bumi Lasêm lawan Rêmbang duwe | rakit pakuwon kang pra dipati | tata kanan kering | karya alun-alun ||

21. sabên Sênèn sênenan asami | akathah ponang wong | ngiras ajar-ajar satêmêne | wong pasisir acungane prapti | wus eca kang galih | malih kang winuwus ||

22. Kabanaran ampasira nênggih | Pangran Singasinom | wong Sêmbuyan Gunungkidul kabèh | tigang dhomas pinaringkên mangkin | Pangran Adipati | Mangkunagarèku ||

23. kalih dhomas pinaringkên linggih | ingkang dhomas kinon | mêtokakên obat lêladène | wolung dhacin kang katur sang aji | kabèh kang non sami | andum pra tumênggung ||

24. kunêng malih nagari Batawi | nênggih Jendral Emop | ngraos luput ing mangke kawêkèn | awit saking Pangran Mangkubumi | purwane rumiyin | sabin tigang ewu ||

25. jendral akèn rongèwu ngêlongi | pan Gurnadur Emop | kinèn ngantunana sèwu bae | sakiting tyas Pangran Mangkubumi | nekad murwèng jurit | ing mangkya dumlundung ||

26. wus angrisak ing bala Kumpêni | madyaning palugon | datan kêna pinrih ing apêse | pira-pira prajurit Kumpêni | kang mukul [mu...]

--- 50 ---

[...kul] ing jurit | pakone gurnadur ||

27. ingkang pinrih tan kêna ngajurit | malah wuwuh ngradon | mila sangêt gurnadur lingsême | malah sampun madêg narapati | suyude wong Jawi | lêksan Jawanipun ||

28. pira-pira upaya tan dadi | mangkya Jendral Emop | praptèng ajal atilar donyane | Sapar taune dènnya ngêmasi | kang jumênêng mangkin | pan dhirèkturipun ||

29. Jakup Musêl Idlir tur upêksi | dhatêng ing sang katong | Jendral Emop prapta antakane | Jakup Musêl kang jumênêng mangkin | aluhung sang aji | anuntên angutus ||

30. inggih lêbêting taun puniki | pêpatih sang katong | kula pasthi ngawaki andhèrèk | ngiras wontên ugi kang pinikir | sang nata ngangsuli | dêlèr suratipun ||

31. yêkti kawula amung nuruti | sabarang wiraos | saking bapak dêlèr nurut bae | nanging kayaparan tingkahnèki | ing Surakartèki | binathêthêt mungsuh ||

32. sêtun ora kêna obah osik | esuk sore mungsoh | anêkani langkung kèh balane | lamun inggih ngesahna pêpatih | miwah punggawèki | paran têmahipun ||

33. ya ta botên bêngganga sakêdhik | pratingkahe mungsoh | Surakarta wus ilang namane | pasthi mungsuh anggêcêk nêkani | botên sande tapis | tumpês dadi bubuk ||

34. ponang wangsulan praptèng Samawis | binuka karaos | amranani ingkang saibate | radi kalikag idlèr [i...]

--- 51 ---

[...dlèr] rumiyin | sampun anyagahi | nyirnakakên mungsuh ||

35. sirna sajrone satêngah warsi | mangke tan kalakon | malah sakin angrêbda mungsuhe | dadya amuk amêmpêng krodhaning | anêdha prajurit | malih mring gurnadur ||

36. dhasar maratuwane kang dadi | jendral ing samêngko | wus prasasat angawaki dhewe | duta mêsat mring nagri Batawi | ing wuri ngundhangi | kang pra dipatyagung ||

37. sami siyaga kaprabon jurit | Tuban sapangulon | ing Samarang sapangetan kabèh | lagya ngantos duta mring Batawi | tan alami prapti | Kumpêni tri atus ||

38. Mayor Kalèrêk môngka pangirid | Bali Bugis Ambon | sampun prapta Samarang lampahe | bêkta parentah saking Batawi | patang atus nênggih | Kumpêni Slamipun ||

39. Mayor Kalèrêk sawusnya panggih | mring dêlèr têtakon | sintên mungsuh puniki arane | dlèr nyaut Mangkubumi rannèki | kuthane Matawis | kathah kadangipun ||

40. apan nênêm papat kadangnèki | kaponakan roro | yèku mungsuh ingkang gêgêdhèni | punggawane akèh yèn winarni | Kalèrêk sru angling | kapan beta pukul ||

41. nuli apranga lan Mangkubumi | dêlèr lingiralon | hèh Kalèrêk ya dèn alon bae | sira lèrèna Samarang dhingin | aja nuli jurit | ngawaki sirèku ||

42. pan wus ana kang sun kon anggitik | Sakèbêr lan Êkop | pan samêngko nèng

--- 52 ---

Kêdhu barise | ingsun dhewe kang arsa ngawaki | tunggua Samawis | ya sirèku besuk ||

43. mayor amuwus iya sun dhingin | bae arsa wêroh | Sakèbêr Kop ing kene barise | wusnya nuduh ngatêr lampahnèki | budhal sing Samawis | sapraptaning Kêdhu ||

44. pinêthuk ing baris angurmati | praptanira mayor | sigra mangsuk mring pakuwon age | tata lênggah miwah pra dipati | Kalèrêk tanya ris | ngêndi gone mungsuh ||

45. aku brani mukul Mangkubumi | sumaur Mayor Kop | punggawane bae anèng kene | Mangkubumi gone maksih têbih | kuthane Samawis | wus madêg rajèku ||

46. aja mukul yèn ora ngêrobi | Mangkubumi abot | ingsun lawan Si Sakèbêr kiye | salawase prange kang nadhahi | ngabiskên Kumpêni | ing prang watêkipun ||

47. kunêng laminya nèng Kêdhu nuli | pun Kalèrêk Mayor | wus sawulan pinanggil antuke | sapraptane nagari Samawis | Kumpêninirèki | ingkang tigang atus ||

48. kalih atus pinundhut tinuding | ngangsahkên palugon | mring Sukawati Kapitan Busèt | Kumpêni Slam kawan atus nênggih | kapitu bupati | budhal lampahipun ||

49. ngidul ngetan ing Dêmak dèn jogi | kèndêl ing Gagodhong | menggok mangidul nabrang wukire | wukir Kêndhêng ingkang dèn sabrangi | Grobogan dèn jogi | lajêngipun ngidul ||

50. balanipun [balanipu...]

--- 53 ---

[...n] Pangran Singasari | wus miyarsa wartos | lamun baris Kumpêni praptane | langkung agêng tan arsa manggihi | mire rêmbagnèki | ngetan gubêdipun ||

51. baris ewon ngilang nèng wanadri | pêcah mara têlon | baris Kumpni lajêng mangidule | mungsuh angriwuk ing kanan kering | bingung dèn begali | kang kari pêpikul ||

52. tan tinolih barising Kumpêni | wus praptèng Garompol | wus apacak santosa bitinge | punggawa Surakarta satunggil | sapanêkarnèki | Rahadèn Tumênggung ||

53. Pringgadiningrat sampun lumaris | praptaning Garompol | sampun kumpul baris Kumpênine | kunêng wau nagari Samawis | ngumpulkên prajurit | dêlèr angkatipun ||

54. tanggal pitulas Mulud kang sasi | gumuruh ponang wong | taun Ehe idêlèr balane | kadya taru pan arga kabêsmi | kang bala Kumpêni | anggamêng lir mêndhung ||

55. praptèng Ungaran kèndêl sawêngi | enjingira bodhol | Salatiga sadalu kèndêle | enjing budhal praptèng Bayalali | budhal pukul kalih | saking Bayawangsul ||

56. sarêng êbyar ing Kaleca prapti | gugup-gugup gupoh | patih kêkalih ing pamêthuke | sri bupati mijil saking puri | nèng Pacinan nênggih | dènira kapêthuk ||

57. sampun aras-ingaras duk panggih | binêktèng kadhaton | tan adangu idêlèr wêdale | sawadyane makuwon ing loji | nimbali bupati | kang wontên [wo...]

--- 54 ---

[...ntên] ing Kêdhu ||

58. katri punggawa ingkang pinêthil | sapanêkarnya wong | Rajaniti lan Wiradigdane | Surajênggala wus sami prapti | panêkar pra mantri | nèng Surakartèku ||

59. idlèr sampune pitulas wêngi | ingkang rêmbag dados | pamukule nagri Matarame | nanging balane lampah sinandi | pan binut kêkalih | katri saking Kêdhu ||

60. ingkang baris anèng Sukawati | ingandikan bodhol | kêrig prapta Surakarta kabèh | nagri Matawis sampun miyarsi | yèn dêlèr wus lami | nèng Surakartèku ||

61. agung kêkirab kang pra dipati | timbalan sang katong | pagiliran pra dipati kabèh | alêledhang sakidul nagari | sakilèn nagari | Wanakartanipun ||

62. dêlèr parentah kinèn rumiyin | Uprup Totlomondo | mukul Kabanaran ingkang kilèn | amêdala têngah margi nênggih | wus pamit sang aji | lawan pra tumênggung ||

63. Wiradigda lawan Rajaniti | Wiranata kang wong | lan Tumênggung Surajênggalane | Tumênggung Lasêm wonge pasisir | pan Kumpêni putih | bêkta tigang atus ||

64. satus dragundêr lan satus malih | usar ginawe bot | pan anyatus lan nyatus malihe | Kumpênine ingkang jalan kaki | Kumpêni Slam nênggih | kapitan tri nyatus ||

65. Kapitan Barak Kapitan Trai | lan Kapitan Tolong | Pangran Dipati Buminatane | têtindhihe kang para bupati | kadya gunging baris | wontên tigang [ti...]

--- 55 ---

[...gang] èwu ||

66. dene sagung bupati pasisir | saha bala katong | tumut tuwan idêlèr lampahe | kinaryalon mantuk mring Samawis | kang magut ing jurit | kang kalok mung uprup ||

67. mawi êlêt ing satêngah sasi | dêlèr dènnya bodhol | saking Surakarta sadinane | mantuk Samarang sajatinèki | benjing Bayalali | dènnya menggok ngidul ||

68. budhal gêgaman Surakartèki | Uprup Totlomondo | Pangran Buminata sakancane | pra dipati papat limanèki | bupati pasisir | ing Lasêm tumênggung ||

69. bêkta tiktak pat mariyêm kalih | Uprup Totlomondo | kèndêl Piji mangkya ing barise | pangajênge mungsuh duk miyarsi | wong Surakartèki | barise wus mêtu ||

70. sigra atur uningèng Matawis | Wiranata kang wong | mantri ngarsa dinuta lampahe | bêkta sêrat pratelanirèki | cacahing prajurit | lan punggawanipun ||

71. dutanira tan kawarnèng margi | wau kang kinongkon | jujug Pangran Mangkunagarane | lajêng katur mring sri narapati | srat atur upêksi | wus tata alungguh ||

72. sêrat saking bupati pangarsi | nulya kinèn maos | atur sêmbah inggih bêbukane | pun Tumênggung Wiranata gusti | ngaturi udani | ing mangke pukulun ||

73. mêngsah dalêm saking praja mijil | lampahe agolong | sap-êsapan tan owah ubênge | langkung rapêt lampahe kang baris | dragundêr nèng

--- 56 ---

ngarsi | nuntên wingkingipun ||

74. Kumpênine ingkang jalan kaki | wuri tiyang Ambon | nuntên Jawi rong bupati gène | nuntên tiktak pat mariyêm kalih | lan kastabêlnèki | nênggih tiga likur ||

75. nuntên Tumênggung Lasêm wor Bugis | lawan Minangkabo | kapitan jro ing Minangkabone | nuntên oprupe ing purinèki | Pangeran Dipati | Buminatanipun ||

76. nuntên kêkalih kang pra bupati | lan Kapitan Tolong | kang mungkasi wuri panggonane | kinalang-kalang saking ing têbih | saking kanan kering | tan obah ing laku ||

77. langkung rapêt lampahe kang baris | tan kêna cinorok | saking Piji ing wêngi budhale | kinakodhol ing wuri tan nolih | mangke sampun prapti | wontên ing Kalêpu ||

78. pêparentah wau sri bupati | kulup yèn mangkono | sira dhewe kang lumaku kiye | angirida kang para bupati | kang putra wotsari | sandika pukulun ||

79. besuk-esuk mangkata sirèki | kang putra wotsinom | paman Rôngga lan Jayadirjane | inggih tumuta umangkat benjing | ngandika sang aji | ya milu sirèku ||

80. sigra nêmbah mijil pra dipati | saking jro kadhaton | prapta jawi ngundhangi balane | pating bathithit wong sanagari | dalu tan kawarni | enjing wadya ngumpul ||

81. nèng alun-alun jêjêl kang baris | wiyose sang katong | pan angujung pangran sakancane | pra dipati mangaras [mangara...]

--- 57 ---

[...s] pada ji | samya anindhihi | marang barisipun ||

82. Suramangunjaya manganjuri | kang prajurit golong | panthan-panthan asri busanane | Suradigdaya ingkang nambungi | Jadirja tumuli | balane gumuruh ||

83. ajalang-jalang pangkate baris | langkung asri tinon | Rôngga Wirasêtika wurine | nulya bala Matawis ing wuri | Jayanagarèki | lan Janapurèku ||

84. wuri Pangeran Mangkunagari | wadyane sri tinon | warna-warna wau busanane | kadya palasa ing môngsa katri | umaguting dasih | kadya rèh tan mundur ||

75. Durma

1. tan kawuwus gêgaman saking nagara | sampun prapta ing jawi | kèndêl tata-tata | Pangran Mangkunagara | angiras sami amikir | lan pra dipatya | wau bala Kumpêni ||

2. ingkang wontên Kalêpu enjinge budhal | tan owah lampahnèki | glar jaladri arga | piningit sinantosa | Totlomondo pan undhagi | trahing prawira | ing nguni juru tulis ||

3. gêlar Baron Sakèbêr ingkang kinarya | duk prang Sêpanyol nguni | mungsuh satus raja | sang raja nora kalah | upêsire kang prayogi | kinèn lumampah | munggèng jawining baris ||

4. kinakodhol lampahnya samarga-marga | riniwuk kanan kering | marang Wiranata | lawan Ranadiningrat | Brajadênta Brajamusthi | tanna dirasa | eca dènnya lumaris ||

5. Totlomondo lampah ngubêngi barisnya | roki baludru [balu...]

--- 58 ---

[...dru] wilis | mubyar rinenda mas | kuluk bêsur rinenda | tandange awira-wiri | lawan Kapitan | Troi tan kêna têbih ||

6. mariyême munggèng wuri kalih pisan | tiktak ing kanan kering | kinêkêr gêgaman | samôngsa sinêroda | baris piyak mriyêm muni | angsal turôngga | bebas rangkêp kêkalih ||

7. kang anitih mêsat tujune tan kêna | eram kang kari nêbih | dadya sami bênggang | kang angodhol sadaya | eca prasamya lumaris | wus praptèng Gondhang | rêrangkah ingkang baris ||

52. Lampahipun wadyabala Kumpêni dhatêng Mataram, tuwin paprangan ing samargi-margi

8. pun Tumênggung Wiranata lajêngira | ngidul gepak ing Wêdhi | saha balanira | arsa atur uninga | baris agêng anèng jawi | pangiridira | Pangran Mangkunagari ||

9. Wiranata praptane atur uninga | yèn mêngsah dalêm prapti | sampun wontên Gondhang | anèh baris punika | cinorok pan botên kêni | rangkêp ingêsap | rangkêp wingit awêrit ||

10. pra dipati wontên ing jawi sadaya | pangran rêmbagirèki | Gondhang pinaliwat | ingong jêbul ing wuntat | pra dipati kanan kering | samôngsa mangkat | jinambak saking wuri ||

11. sigra [si...]

--- 59 ---

[...gra] budhal sampun dadi rêmbagira | sagung kang pra dipati | Tumênggung Jadirja | Rôngga Wirasêtika | anjog salor Gondhang nênggih | ngidul ajêngnya | dene Janapurèki ||

12. lan Tumênggung Jayanagara ênggènnya | wontên sakidul kali | ngalor ajêngira | Pangran Mangkunagara | lèr wetan Gondhang dèn jogi | ing Pamuluan | dhusun gènira baris ||

13. pra tumênggung pangarsa kinèn nglèdhèka | Suramangunjayèki | lan Suradigdaya | Tumênggung Wiranata | baris Gondhang dèn klèncèri | sadina-dina | soresuk dèn dhatêngi ||

14. baris Gondhang tan ana baris ngalebar | mungsuh prapta gumriwis | dèn mariyêm bubar | nora na têtêmênan | yèn kèndêl mariyêmnèki | lèr kidul prapta | rêp mari ngalèncèri ||

15. lamun dalu Pangeran Mangkunagara | nimbali pra dipati | samya akasukan | tandhak atêlèdhèkan | ngunggar manahing prajurit | dèrèng umangsah | pra dipatine sami ||

16. senapati dèrèng arsa ngawakana | dèrèng eca kang pikir | dèrèng antuk tingal | pamawasing ayuda | dene wus mondhok Kumpêni | tan kêna iya | ginampang ing ajurit ||

17. samangsane Kumpêni iya mangkata | tinêmpuh ing ajurit | mangkana kasukan | dalu kangjêng pangeran | mantri ngarsatur upêksi | Kumpêni Gondhang | dalu arsa lumaris ||

18. Pangran Mangkunagara karsane enggal | siyaga bêngi-bêngi | budhal saha bala | karine [kari...]

--- 60 ---

[...ne] lampahira | kabyaran sawetan baris | Gondhang kapapag | gandhèk saking Matawis ||

19. maringakên sêrat saking rama nata | tinampan tinupèksi | sêrat balêntongan | pratôndha yèn dêduka | têmbunge amung sakêdhik | kulup elinga | trahing ratu prajurit ||

20. nora nana kang sêmbrana kaya sira | apan kang dhingin-dhingin | sabarang pakaryan | padha mantu satunggal | wus titi kang punang tulis | jêtung pangeran | jêngêr tan kêna angling ||

21. dangu-dangu ngandika marang caraka | bangêt panuwun mami | hèh pra yayi kônca | gandhèk ingsun wicara | kalawan sira pribadi | pangrasaningwang | ingsun kinarya wakil ||

22. lamun ora ingsun aduwea wawas | kinarya senapati | sakêcoh-kêcoha | ngadu abdine nata | akèh atiwas ing jurit | ingsun kang tiwas | kang dinukan prasami ||

23. gandhèk pamit pangeran ungkur-ungkuran | ngidul sakilèn margi | nuntên ngilèn prapta | dhusun ing Galodhogan | ngumpulakên pra dipati | anulya prapta | bantu saking Matawis ||

24. kang angirid Adipati Jayaningrat | prajurit jro sapalih | martalulut lawan | wadya singanagara | nirbaya miwah pinilih | wong wirabraja | brajanala prajurit ||

25. wontên gangsal atus nanging prang ing dharat | lajêng mangalèr sami | lajêng tata lampah | gêlar angsahing aprang | prajurit jro kang dhadhani | kang têngênira | nênggih bupati kalih ||

--- 61 ---

26. Jayadirja Mas Rôngga Wirasêtika | pangawat kiwanèki | kêkalih punggawa | Tumênggung Janagara | kalawan Janapurèki | Kudanawarsa | winuwuhkên lor sami ||

27. Wiranata tumut ing pangawat kiwa | dene bupati kalih | Suramangunjaya | miwah Suradigdaya | apan kinarya ngawali | kilèn gènira | Pangran Mangkunagari ||

28. angênggèni munggèng sawurining dhadha | sabab aprang turanggi | sigra atêngara | bèri bêndhe sauran | tamburnya anggêgêtêri | surak umangsah | kukuk sarêng angrampit ||

29. Uprup Totlomondo asowarèng bala | aja na kang mêtoni | ngantia parentah | uprup munggèng turôngga | adhehan ngidêri baris | kang wetan mangsah | dhadha anunjang wani ||

30. dèn mariyêm sinusul kalawan tiktak | rame bêdhil-binêdhil | uprup pêparentah | jalan kaki mêdala | nanging aja kongsi têbih | mapaka dhadha | umèb dalêdêg mijil ||

31. lajêng mapag binuncang pangêdrèlira | tan anggop wanti-wanti | adrês kadya jawah | mimis katibèng mêngsah | akathah kang nandhang kanin | tuwin kang pêjah | katulak pamuknèki ||

32. pun Kapitan Troi lawan kopralira | mangsah anêrak baris | ababad kalewang | kathah antuk pêpêjah | dragundêr sapalih mijil | kalawan usar | ingkang mêdal sapalih ||

33. sigra Pangran Mangkunagara umangsah | miwah kang pra dipati | prajurit turôngga | campuh dragundêr usar | arame bêdhil-binêdhil | tunjang-tinunjang | ulêt ungkih-ingungkih ||

--- 62 ---

34. ingkang anèng pangawat para dipatya | nusul ing senapati | atilar barisnya | Rôngga Wirasêtika | kalawan Jayadirjèki | Kudanawarsa | tuwin pangawat keri ||

35. wau Janapura miwah Janagara | sami nabêt turanggi | anambalang kuda | caruk arêbut papan | rame malih kang ajurit | aso kang dharat | tarung sami turanggi ||

36. rame tunjang-tinunjang ubêng-ubêngan | drèle mawanti-wanti | jadhêg tangkêbira | Pangran Mangkunagara | anggêgêr sawadyanèki | mèh kadya lesan | maksih katulak ngisis ||

37. pan angoso Pangeran Mangkunagara | solahirèng ajurit | pan mêntas kadukan | ing rama sri narendra | sagung kang lurah prasami | susul gustinya | mangkana kang ajurit ||

38. wiwit pukul sanga kongsi wayah ngasar | sami sayahe jurit | sarêng undurira | mungsuh kalawan rowang | Kumpêni mring pondhok malih | mung kalih pêjah | tatu nênêm tan malih ||

39. Pangran Mangkunagara ngidul angetan | ing Galodhogan prapti | kumpul pra dipatya | prasami kalêmpakan | pangeran ngandika aris | maring Mas Rôngga | paman Rôngga puniki ||

40. wong apêrang senapati durung eklas | nuli umangsah jurit | dêdukaning nata | yêkti kêna paturan | nging atur durung prayogi | agawe lêbar | wêweka dèrèng ngênting ||

41. prajurit kang atiwas madyaning yuda | kang pêjah miwah kanin | ingkang cinacahan | Pangran Mangkunagara |

--- 63 ---

inggih abdine pribadi | pêjah sadaya | sawidak ingkang kanin ||

42. sakathahing nênggih ginunggung kang cacah | karo bêlah kang kanin | pêjah tigang dasa | sigra akarya surat | katur ing rama sang aji | duta wus mêsat | marang nagri Matawis ||

43. Pangran Mangkunagara budhal angetan | angalèr kèndêl sami | dhusun ing Ngukiran | apacak barisira | wus tinuduh pra dipati | ingkang mangawat | têtêpa gène baris ||

44. lawan padha anglêlèdhèk baris Gondhang | mangkana sri bupati | sami piturunan | samantri-mantrinira | anglèncèri sabên enjing | wiwit sarêng byar | êrêb bubarirèki ||

45. kawuwusa dutanira Jêng Pangeran | Mangkunagara prapti | nagri Kabanaran | Pangran Mangkudiningrat | jinujug caraka prapti | lajêng kang surat | katur ing sri bupati ||

46. duk binuka patêmbayaning kang surat | ngaturkên pangabêkti | lawan pêjah gêsang | tiwas dènira yuda | angrampit pondhok Kumpêni | ngungkih narajang | dipun udani mimis ||

47. abdi tuwan ingkang tatu kalih bêlah | tigang dasa ngêmasi | wau duk miyarsa | Sang Nata Kabanaran | anjêtung tan bisa angling | tigang pandurat | analôngsa ing batin ||

48. dangu-dangu èngêt titahing Hyang Suksma | tan kêna dèn bakali | padhaning manungsa | ing pati lawan lara | dadya sukur ing Hyang Widhi | walahualam | nimbali lurah carik ||

49. prapta ngarsa Ki Tumênggung Sindusastra | sigra kinèn [ki...]

--- 64 ---

[...nèn] nênulis | angsul-angsul marang | Pangran Mangkunagara | pangungun rataning curi | kulup mung aja | taledhekan sirèki ||

50. bênggangakên sangating Jêng Rasulolah | wong lagi mangun jurit | ngêdohakên iya | pitulunging Hyang Suksma | sabarang ingsun lilani | mung iku aja | punang kang surat dadi ||

51. pinaringkên ing gandhèk Carangpradapa | sigra lampahirèki | praptaning Ngukiran | anuju kalêmpakan | ngundhangi kang pra dipati | apirêmbagan | masalah ing ajurit ||

52. wontên matur yèn gandhèk Carangpradapa | punika lagi prapti | bubar pajagongan | masuk Carangpradapa | pangeran andhodhok aglis | lan pra dipatya | dhawuh suratirèki ||

53. kinèn maca Mas Rôngga Wirasêtika | dangu sawusnya titi | mèsêm jêng pangeran | eca têmbanging surat | wus kapok iki kiyai | sok adêduka | durung titi patitis ||

54. pêparentah Pangeran Mangkunagara | mring sagung pra dipati | kônca pra dipatya | puniki kang timbalan | sampun ugi ngantêp jurit | yèn tan budhala | nadyan tan budhal nênggih ||

55. lamun tan tuk tayuh gih ngantêp ing yuda | gandhèk wus dèn sangoni | mêsat sigra-sigra | gandhèk Carangpradapa | wus prapta nagri Matawis | katur kang surat | saking kang putra nênggih ||

56. duk binuka katur sandikaning putra | mangkana kang winarni | Pangran Purubaya | punggawane sadaya | kang baris watêsan sami | prapta sadaya | tinunjang ing

--- 65 ---

Kumpêni ||

57. pra tumênggung ngungsi dhatêng ing nagara | ing Kabanaran prapti | Cakrajaya miwah | Kartanagara lawan | Tambakbaya Sawunggaling | Tirtanagara | lan Nilacala Bèi ||

58. Kumpêni Slam kalih atus kang binêkta | Kaptin Babandhêm nênggih | lan Dhaèng Margêlak | Litnan Ulun kalawan | Litnan satunggal Sapudin | sami prawira | têtangkêpaning jurit ||

59. rêmpêk lawan Ki Tumênggung Arungbinang | têtêg têtêp tur wani | mangkana kang karsa | Susunan Kabanaran | ing Gondhang kang dadi pikir | Kêdhu kalawan | Pagêlèn tan pinikir ||

60. binantonan prajurit jro andêling prang | wolung dasa winarni | nênggih Suranata | pêpangkoning sang nata | lawan wong bukti prang sabil | para ngulama | miwah kang para kaji ||

61. Kaji Bocor lan Kiyai Kaji Wingka | lan Kaji Tapsirudin | budhal saking praja | Pangran Mangkudiningrat | ingandikakakên ngirid | wus praptèng Gondhang | obah bala Kumpêni ||

62. amiyarsa yèn prajurit Suranata | punika sampun mijil | ngadate tan kêna | têbah lan rajanira | manawa namur ing jurit | pinanggil sigra | Tumênggung Rajaniti ||

63. Wiradigda Tumênggung Raja Jênggala | Tumênggung Lasêm prapti | Totlomondo mojar | paran ta tuwan-tuwan | pawarta ingkang sayêkti | andêling aprang | prajurit wingi prapti ||

64. bok Susunan Kabanaran namur ing prang | Tumênggung Rajaniti | têlik kula prapta | saking nagri Mataram | prajurit [praju...]

--- 66 ---

[...rit] andêl wus mijil | wong suranata | kang binantokkên jurit ||

65. rajanipun kèndêl anèng Watugondhang | ningali ing ajurit | botên samangkea | aprange Suranata | yèn budhal baris puniki | nêmpuh ing marga | dene kang aprang benjing ||

66. badri-badri bandar-bandar kang dinadar | punika dèn ayoni | yèn pêni ing karya | winor lan Suranata | prapta kawan dasa wêngi | badri kêrigan | Totlomondo lingnyaris ||

67. iya nyata sanadyan anamur lampah | praptane Mangkubumi | sayêkti yèn beda | tangkêpe wong ayuda | ingsun arsa kirim tulis | mring Surakarta | dene dêlèr alami ||

68. lamun ora mangkat ngawaki ngayuda | sanggupe nora lami | anusul maringwang | yèn ora nuli mangkat | Sakèbêr bae dèn aglis | binantokêna | nunggala lawan mami ||

69. golèkêna iya wong desa kewala | kang gawa layang mami | kang aja katara | yèn prapta Surakarta | jujuga kyai dipati | kalamun ora | Puspanagara bêcik ||

70. angaturna marang dêlèr surat ingwang | salawe sun bayari | padha angedana | aja na kêkêrisan | nulyantuk Ki Rajaniti | bêbêkêl jathak | binayar wus lumaris ||

71. tan kawarna ing marga caraka prapta | nagri Surakartèki | wau lampahira | jujug Puspanagara | sigra binêkta mring loji | lan dêlèr panggya | surat tinampan aglis || [|...]

--- 67 ---

[...|]

72. tinupiksa Totlomondo sambatira | dêlèr alon dènnya ngling | hèh bapak pan iya | ingsun arsa umangkat | Pangeran Sumênêp iki | pan lagi lara | iku kang sun antèni ||

73. gih punika Pangran Sumênêp kalihnya | kang magang lan kang dadi | tumut kalih pisan | Pangran Mangkunagara | puniku kang anyar dadi | Pangeran Cakra | nagara mêntas mari ||

74. prajurite Pangeran Tirtanagara | dhomas pilihan sami | pangeran kang magang | kalih atus wongira | tur santosa bêcik-bêcik | ipe ponakan | kang dadi lan kang mari ||

75. dêlèr sigra duta pinaring wangsulan | kinèn lumaksanaglis | dêlèr pêparentah | mring sagung pra dipatya | yèn badhe mangkat tumuli | sri naranata | wus têdhak dèn aturi ||

76. praptèng loji sang nata wus binisikan | aras-ingaras sami | kondure sang nata | dalu datan kawarna | enjing dêlèr budhalnèki | dina Salasa | rolas Rabingulakir ||

77. budhal enjing dêlèr saking Surakarta | wadya pênuh ing margi | prajurit salêksa | sabrang kalawan Jawa | parentah idlèr pribadi | Kumpêni pêthak | kawan atus prajurit ||

78. duk punika pan maksih murah Walônda | nêmatus Bugis Bali | Ambon lan Sêmbawa | Mandhar lawan Makasar | sapraptane Bayalali | ngèbêki papan | barise pra dipati ||

79. kunêng dêlèr ingkang lagya tata-tata | anèng ing Bayalali | ngidul badhenira |

--- 68 ---

anjog ing wetan Gondhang | wuwusên baris Kumpêni | kang baris Gondhang | wau karsanirèki ||

80. linêbonan ing dalu amuk umangkat | prajurit dèn pilihi | angsal kawan dasa | mangsah ing sirêp janma | praptèng Gondhang ingkang baris | lèr wetan ika | jinujug dèn lêboni ||

81. barduwake wong Lasêm kang tinarajang | sigra dènnya ngêdrèli | nunjang rukêt ing prang | ngamuk wong kawan dasa | kawanguran tan pakolih | katulak-tulak | binendrongan ing bêdhil ||

82. kathah tatu têtiga kang sampun pêjah | kang kathah mundur aglis | binujung sanjata | nanging tan winêdalan | mariyême kang nulungi | garubyagira | kang tinututan bêdhil ||

83. wau Pangran Mangkunagara miyarsa | miwah kang pra dipati | sami amiyarsa | gugup dènnya siyaga | budhal têtulung ing jurit | lèr kidul prapta | kapêthuk kang prang silip ||

84. wanci êbyar katingal ingkang kabranan | wus kinèn mire sami | wau senapatya | Pangran Mangkunagara | lajêng dènnya mangsah jurit | têngara gumrah | tambur kêndhang gong bèri ||

85. asauran bêndhe lor kidul lan wetan | umangsah pra dipati | kadya ngilês jagang | Rôngga Wirasêtika | Tumênggung Jayadirjèki | Kudanawarsa | baris lor nunjang wani ||

86. ingkang kidul Janagara Janapura | sami nabêt turanggi | arsa ngilês jagang | katulak dening tindak | kang wetan gèn senapati | lawan gènira | bantu saking nagari ||

--- 69 ---

87. wong jro martalulut lan singanagara | nirbaya lan pinilih | nutra jagabaya | prajurit nyangkrahnyana | miwah braja lawan miji | wong wisamarta | umangsah dharat sami ||

88. parêng nêmpuh ginarujug ingêdrèlan | mariyêm anusuni | gumludhug ngawiyat | surak kang baris Gondhang | nyangkilung kang wadya Bugis | satu kapitan | adrêng kêdah mêtoni ||

89. Uprup Totlomondo dènnya pêparentah | aja na kang mêtoni | ngantia parentah | uprup jojog kuda gya | tan taha ngubêngi baris | satu Kapitan | Troi tan kêna têbih ||

90. kang prajurit kaparak sami anglungsar | mangsah dèn soki mimis | ampingan galêngan | maju sami rumangkang | wong Kumpêni jalan kaki | andheprok samya | dènira angêdrèli ||

91. saput lêbu kang rumangkang akèh kêna | lajêng nungkêmi siti | ingkang kari samya | mundur maksih rumangkang | prajurit Suranatèki | gêgêr kewala | Kumpêni wus udani ||

92. lamun baris kang kèndêl kalih bandera | andêle sri bupati | sampun sinaosan | samôngsa umangsaha | Kumpêni kang bêcik-bêcik | wau umangsah | kang samya bêkti sabil ||

93. Kaji Bocor kalawan Ki Kaji Wingka | Ki Kaji Têpsirudin | sami ngikal pêdhang | munggèng luhur turôngga | umangsah sarwi anjêrit | nandêr kudanya | pan arsa ngobrak-abrik ||

94. nunjang jagang mariyêm sigra pinasang | mimise obang-abing |

--- 70 ---

wau Kaji Wingka | apus kuda ing ngarsa | kinanthèt kalawan gigir | apusing wuntat | lan wêtêng dèn talèni ||

95. pamrihira kukuh aja kêna tiba | dupi katiban mimis | katênggêl wêtêngnya | kêna ing mimis sawat | tugêl bêt badan kang nginggil | wus tibèng lêmah | tunggak ing wêtêng taksih ||

96. kudanira anjojog saparanira | usus jaringan sami | sami kuleweran | kuda saparan-paran | sami kacêgatan baris | kalangkung eram | kang sami aningali ||

97. nora nana asap sae kang tumingal | kang alit tyasirèki | gêmpal sampun ilang | kathah-kathahing umat | kang agêng tyase tan osik | mung ciptanira | ing titah wus pinasthi ||

98. dènira prang sadintên abêbêdhilan | wiwit enjing angrampit | campuh rukêt enjang | nanging tan kathah pêjah | sami salamête ugi | aprang sadina | ukur-ukur kang mati ||

76. Pangkur

1. duta saking Surakarta | prapta sampun angaturakên tulis | kang saking tuwan gupêrnur | yèn ing mangke wus budhal | saking Surakarta praptèng Bayawangsul | uprup kinèn umangkata | saking ing Gondhang tumuli ||

2. ing Kamalon yèn wus prapta | aja mangkat ngantia dêlèr nênggih | ing Bayalali mangidul | uprup kang langkung suka | tan kawarna ing dalu wuwusên esuk | bala Kumpêni siyaga | tan owah arsa lumaris ||

3. mantri ngajêng tur uninga | baris Gondhang wau dènnya lumaris | sadaya

--- 71 ---

pan sampun kêbut | pangran sigra têngara | pra dipati kasusu budhal rumuhun | nututi lor kidul wetan | Kumpêni mulat ngandhêgi ||

4. kang saking kidul narajang | saking wetan sami nêmpuh nungkêbi | mariyêmira gumuntur | kang saking kidul wetan | prajurit jro andharat panêmpuhipun | ingêdrèlan binendrongan | tan kandhêg panunjangnèki ||

5. arupak paksa angidak | mèh kalingkap wau baris Kumpêni | prajurit Suranata wus | amor manjing sadaya | tan antara Kapitan Tolong anêmpuh | acaruk tarung landhehan | Kapitan Barak nulungi ||

6. dadya kondur amukira | prajurit jro tan ana kang mapaki | sami kêndho amukipun | bênêr ingkang dêduka | prajurit jro Suranata sampun masuk | mèh kuwur Kumpêni lingkap | kadhèwèkên bali malih ||

7. dadya Kumpêni rêrangkah | sami mondhok anèng satêngah margi | ing Jêglog sami kêkuwu | sakilèning Tangkisan | musuh parêng ambêngok têbih gènipun | tan ana ingkang sêmbada | Mangkunagara prajurit ||

8. amung prang lèrès kewala | digdayane ngucira prang manthalit | sami kaku ing tyasipun | prajurit Kabanaran | dadya sami ngêngah pêpurunanipun | miwah prajurit kaparak | manahnya kinarya malih ||

9. sabab senapatinira | wêwatêke nora tanggon ing jurit | mung anglawèr manahipun | kang dadi kanikmatan | yèn nêdyaa aprang kosok godhi caruk |

--- 72 ---

pira kèhe baris Gondhang | rêmên aprang ting garigih ||

10. watawisipun punika | baris Gondhang tigang èwu tan luwih | rêrubêd pêpikul sèwu | kawan èwu balaka | kang angêpung kuda wontên pitung èwu | dharate wontên salêksa | tikêl rolas maksih luwih ||

11. prajurit sami micara | abêr têmên aprang mangkene iki | anaa Radèn Tumênggung | iya Suryanagara | pasthi rame mendah ubêking prang pupuh | baya uwis gêgêlutan | rukêt ing prang caruk kêris ||

12. iki tarunge Mas Rôngga | Jayadirja taha mring senapati | padha ngêngah tangkêpipun | mundhak gawe kapiran | Radèn Suryanagara pijêr nèng Kêdhu | mangkana ing sabên dina | prang esuk rêp bubarnèki ||

13. nanging ta datanpa karya | pan wong batur ing sabên dina kêni | ana loro ana têlu | mangkana dêlèr mangkat | saking Bayalali baris agêng kidul | baris Kêdhu sumadosan | budhalan marang Matawis ||

14. Adipati Jayaningrat | lan Mayor Kop pirêmbag sampun dadi | budhal ngangsêg barisipun | môngka manggalaning prang | Ki Tumênggung Kêndhal Singawijayèku | lawan Dipati Janingrat | sami bupati bèr wani ||

15. ing Tarayêm praptanira | tan tinolih riwut ing kanan kering | majêng baris praptèng Jamus | masuk tanah Mataram | kang tinilar amung kang anèng ing Kêdhu | Dipati Suryanagara | Pangran Arya Wijayèki ||

16. lawan Radèn Mangkupraja |

--- 73 ---

sakancane ngumpul Kilènparagi | dadya pêparon wong Kêdhu | ingkang wetan Paraga | sami tumut ing Kumpêni pra tumênggung | sidhangsiring ring-iringan | mangkana ingkang winarni ||

17. kang baris kilèn Tangkisan | Totlomondo sabên dina ajurit | wiwit aprang pukul pitu | pukul nêm sore bubar | sampun angsal anèng Jêglog tigang dalu | binathêthêt sabên dina | binaya mangap ing jurit ||

18. mangkana budhal sirenjang | tinututan aprang samargi-margi | binathêthêt binarukut | saking ing doh kewala | gênti nêmpuh kang wetan miwah kang kidul | dèn mariyêm sami bubar | mênêng bêdhil tangkêp malih ||

19. sadina dènira aprang | baris agêng Kamalon sampun prapti | undhang kèndêl ing wadyagung | nèng Têgal Pêkalongan | nuju môngsa katela pêndhêm wohipun | gumyah kang mungsuh mangrêmpak | acampuh bêdhil-binêdhil ||

20. jroning prang dhudhuk katela | Bugis Bali wong Jawa kang marahi | ukur bênggang mungsuhipun | sami arêbut pangan | dangu-dangu Walandane sami tumut | sapolahira wong Jawa | pramila arang kang bukti ||

21. jroning prang Walônda usar | wong kêkalih nandêr mring mungsuh sami | cêluk-cêluk arsa têluk | wus sami pinarêkan | ingaturkên tinarima têlukipun | katur marang Kabanaran | kinarya nunggil saragni ||

22. winastan pun Imajaya | Imajaya pinacak sawahnèki | nyalawe wus ngangge cênthung | sinung reyal [re...]

--- 74 ---

[...yal] nyadasa | kawuwusa tampingan mantri mangayun | kang saking lèr kilèn prapta | praptane atur udani ||

23. yèn mêngsah lèr kilèn prapta | sampun mangsuk inggih bumi Matawis | pun adipati pukulun | Janingrat Pangangsalan | lan pun Kêndhal Singawijaya Tumênggung | Kumpêni maksih tinilar | nèng wuri lan pra dipati ||

24. dadya Sunan Kabanaran | paring wikan dhatêng kang putra aglis | Pangran Mangkunagarèku | yèn baris Kêdhu mangkya | Jayaningrat manggalaning baris agung | wus manjing bumi Mataram | ing Watukarung abaris ||

25. andaladak Si Supama | dènnya aprang nora anganggo bênting | canthèl pisan sabukipun | kalambi paranakan | tinggal bala Kumpêni nèng Watukarung | Pangeran Mangkunagara | ngungun kalane miyarsi ||

26. dadya prajurit jro samya | ingantukkên dhatêng nagri Matawis | atêngga ing sang aprabu | sagung wadya kaparak | lan prajurit nênggih suranatanipun | lan Dipati Jayaningrat | budhal mantuk mring Matawis ||

27. prajurit jro sampun buyar | Pangran Mangkunagra angundhangi | ngêrig para mantrinipun | ingandikan ngalêmpak | para mantri Sukawati prapta sampun | miwah kang para punggawa | kang wontên Tampingan sami ||

28. mangkana apêparentah | senapati mangsah badhe ngawaki | wus aglar kang baris agung | têngara asauran | bêndhe bèri carabali barung tambur | saking lèr kidul lan wetan | atusan banderanya sri ||

29. golong-golong [golong-...]

--- 75 ---

[...golong] panthan-panthan | jalang-jalang pirang papan ngèbêki | kadi wong ngarak satuhu | Kumpêni barisira | sami dongong dènira andulu mungsuh | eram gunging kang gêgaman | lèr kidul wetan dalidir ||

30. yèn sinawang tandhingira | nora môntra-môntra marawoloni | tandhing jitus langkung mungsuh | kadya mêndhung watara | ing awiyat katingal saengga jawuh | KumpêngniKumpêni. barise tata | mungsuh kukuk nêmpuh aglis ||

31. têmpuh sarêng dènnya nunjang | drèl gumrudug tiktak sarêng amuni | kadya ladhu wukir guntur | langkung ramening yuda | bênggang kang lèr kang wetan sarêng anêmpuh | kang wetan dèn mriyêm bênggang | kang kidul mangsah ngêbyuki ||

32. kang kidul piyak dèn tiktak | ingkang êlèr gumriwis mangsah ngukih | kadya gora guntur kêtug | ubêkan ing paprangan | mila sanès tangkêping kang aprang pupuh | susunan ing Kabanaran | nèng Watugondhang ningali ||

33. praptane anamur lampah | nanging myarsa sagunging pra dipati | praptanira sang aprabu | anèng ing Watugondhang | mila numpês pra dipati yudanipun | nanging mêksa katadhahan | adrêsing mimis Kumpêni ||

34. bola-bali dènira prang | aso namung sarapan kang prajurit | ing nalika wanci bêdhug | prajurit kèndêl sarap | sampunira asarap sami umagut | sadina-dina mangkana | dènira prang ngasmarani ||

77. Asmaradana

1. wau ta ingkang ajurit | duk maksih ajêng-ajêngan | wontên [wontê...]

--- 76 ---

[...n] kang prapta mantrine | Pangeran Mangkudiningrat | prapta atur uninga | yèn prapta tuwan gupêrnur | balane kadya samodra ||

2. obah kang angêpung sami | Mas Rôngga Wirasêtika | kang tinuduh sakancane | Pangeran Mangkunagara | alon dènnya ngandika | Paman Rôngga pênêdipun | dika tuwani ing lampah ||

3. Mas Rôngga umatur aris | bêndara inggih sandika | lampah kawula wiyose | aprang punapa macalang | pangran alon ngandika | paman saprayoginipun | milane andika bêkta ||

4. pra dipati Sukawati | lan kula urun satunggal | Tumênggung Mataram mangke | inggih Si Jayanagara | miwah mantri sadaya | punika mantri pangayun | andika bêkta sadaya ||

5. apan inggih ungak-ungik | sakeca botên sakeca | amung antuka waspaos | punika bantu kang prapta | opyake tiyang kathah | dêlèr piyambak punika | balane awarna-warna ||

6. Mas Rôngga têngara aglis | tambur bèri mawurahan | wadya kumpul budhal ngalor | gangsal bupati binêkta | bandera salawe prah | kang turôngga wontên sèwu | arahan botên binêkta ||

7. sami prajurit kinanci | wau ta ing lampahira | Mas Rôngga masang gêlare | ampungan dhusun gêng ika | lawan para dipatya | amilih para tumênggung | bêkta nyèkêt prajuritnya ||

8. baris Kamalon kawarni | apan sampun tampi surat |

--- 77 ---

sira Uprup Totlomondo | parentah ingkang amapag | gène dêlèr nèng Kêmbang | bupati ingkang tinuduh | Tumênggung Surajênggala ||

9. Ki Rajaniti nguruni | Ngabèi Suramênggala | punika kadange anom | bêkta kuda kawan dasa | sèkêt Kumpêni usar | lan sèkêt dragundêripun | pukul kalih lampahira ||

10. praptane ing Kêmbang maksih | pukul ing satêngah lima | kèndêl sajawining pondhok | rintêne pinanggil prapta | tumênggung lan kapitan | ngarsane dêlèr dinangu | sapolah tingkahing yuda ||

11. wus siyang budhalirèki | môngka pangarsane lampah | Kumpêni saking Kamalon | ing wuri kadya samodra | idêlèr balanira | lir wana bêsmi wun-awun | kathah warni jinis sabrang ||

12. Pangeran Sumênêp nênggih | Pangeran Tirtanagara | nênggih dhomas prajurite | prasami wong pêpilihan | kabèh dinulang mangap | Sumênêp magang puniku | Pangeran Cakranagara ||

13. rongatus prajuritnèki | sami santana sadaya | pan kulewang curigane | sadaya sami gambira | dhasar kinudang-kudang | marang Idêlèr Undurup | ing kasap manggalaning prang ||

14. sami trah Jarananolih | para radèn pitung dasa | kinati-kati mring dêlèr | sanggupe sami maludag | wani caruk curiga | Mangkubumi sagènipun | nadyan nèng giri gothaka ||

15. ngarsane dêlèr tan têbih | prajurit Sumênêp samya | kang sakêpêl bêbrêngose |

--- 78 ---

athi-athi simbar jaja | kang asta wulu rambat | pangeranira abagus | rakit lir kêmbang Ngurawan ||

16. baris pangarsa lumaris | sapraptanirèng Karapyak | wau kang masang gêlare | kang aling-alingan desa | Mas Rôngga sakancanya | lan Jayadirja Tumênggung | Tumênggung Jayanagara ||

17. Brajadênta Brajamusthi | Tumênggung Ranadiningrat | sami anugêl barise | kuda tigang atus mangsah | ngawaki pra dipatya | baris pêdhot kuwur mawur | angidul palajêngira ||

18. tinunjang ngilês turanggi | rame dragundêr lan usar | tan kongsi nata barise | talajukan pambêdhilnya | tinubruk ing turôngga | sakawan Walônda lampus | pinêrungan kupingira ||

19. lajêng anggiwar prasami | ing wuri kagyat miyarsa | mangsah dalêdêg barise | umob lir jaladri bêna | kumpul bala sadaya | nênggih kang turôngga sèwu | lirih undure kang lampah ||

20. usar kêkalih bèr wani | anandêr nututi mêngsah | bature ing wuri adoh | sigra wau winangsulan | liningkung wus kinêban | ambêdhil sapisan luput | lajêng tinubruk kacandhak ||

21. usar kalih dèn brundhuli | sarwi tinuntun pan dharat | binakta lumayu age | wus amor gêgaman kathah | wau Surajênggala | tatu silit kodhokipun | tan bisa nitih turôngga ||

22. ginendhong baturirèki | Tumênggung Surajênggala | prapta ngarsanira dêlèr | tuwan mêngsah kang bêbegal | purunipun kalintang | inggih dede wadosipun |

--- 79 ---

idêlèr lajêng graita ||

23. iya iku Mangkubumi | anyorog boboting mêngsah | ngaku pacalang gawene | lah iki antêp-antêpan | besuk ana Mataram | nadhahana yudanipun | ing aprang baya kiyamat ||

24. Mangkubumi laki-laki | umatur Surajênggala | tuwan tiwas yudaningong | Kumpêni pêjah sakawan | kalih kacandhak gêsang | gèdhèg dêlèr sarwi muwus | tumênggung trak jadhi apa ||

25. pasthi iku Mangkubumi | arêp wruh untabing marga | pan prajurit pratamèng rèh | amêngku sakèhing gêlar | bisa anjalasutra | lawan dadi kancanipun | manggalane tri prakara ||

26. wau kang lumayu prapti | Mas Rôngga Wirasêtika | pra dipati sakancane | prapta ngarsane pangeran | katur sasolahira | dènnya ana ing dêlanggung | dene dêdamêl kang prapta ||

27. èstu yèn dêlèr pribadi | balane awarna-warna | ingiring prajurit ewon | Pangeran Mangkunagara | ngundhangi maring bala | ngombèrakên barisipun | ngundhangi kang pra dipatya ||

28. jinajar wayang kang baris | badhene yèn dêlèr prapta | cinacak sawatarane | bupati aprajangjian | dene batur akathah | malah nyêngka tandhingipun | praptane dêlèr punika ||

Nyandhak jilid 9.

--- [0] ---

Isinipun

... Kaca:

48. Sinuhun Kabanaran damêl gagujêngan dhatêng wadyabala ingkang sami kawon pêrang ing Pagêlèn ... 5

49. Ing Madura gègèr, awit saking pandamêlipun Adipati Pugêr. Baris Kumpêni ing Pokak kabibarakên ... 15

50. Ing Mataram sami kalêmpakan, Pangeran Adiwijaya katamtokakên ngêlar jajahan dhatêng Kêdhu ... 29

51. Ing Mataram mantu Pangeran Singasari, Ingkang Sinuhun ing Surakarta nêsêk Kumpêni supados paprangan enggal kadamêl rampung. Mataram badhe kakêpang ... 47

52. Lampahipun wadyabala Kumpêni dhatêng Mataram, tuwin paprangan ing samargi-margi ... 58