Sastra Jawa

Program Digitalisasi Sastra Daerah

  • Increase font size
  • Default font size
  • Decrease font size

Babad Giyanti, Balai Pustaka, 1937-39, #985 (Jilid 09)

Katalog:Babad Giyanti, Balai Pustaka, 1937-39, #985
Sambung:
1.Babad Giyanti, Balai Pustaka, 1937-39, #985 (Jilid 01). Kisah, Cerita dan Kronikal | Babad Giyanti #1061.
2.Babad Giyanti, Balai Pustaka, 1937-39, #985 (Jilid 02). Kisah, Cerita dan Kronikal | Babad Giyanti #1062.
3.Babad Giyanti, Balai Pustaka, 1937-39, #985 (Jilid 03) . Kisah, Cerita dan Kronikal | Babad Giyanti #1063.
4.Babad Giyanti, Balai Pustaka, 1937-39, #985 (Jilid 04). Kisah, Cerita dan Kronikal | Babad Giyanti #1064.
5.Babad Giyanti, Balai Pustaka, 1937-39, #985 (Jilid 05). Kisah, Cerita dan Kronikal | Babad Giyanti #1065.
6.Babad Giyanti, Balai Pustaka, 1937-39, #985 (Jilid 06) . Kisah, Cerita dan Kronikal | Babad Giyanti #1066.
7.Babad Giyanti, Balai Pustaka, 1937-39, #985 (Jilid 07). Kisah, Cerita dan Kronikal | Babad Giyanti #1067.
8.Babad Giyanti, Balai Pustaka, 1937-39, #985 (Jilid 08) . Kisah, Cerita dan Kronikal | Babad Giyanti #1068.
9.Babad Giyanti, Balai Pustaka, 1937-39, #985 (Jilid 09). Kisah, Cerita dan Kronikal | Babad Giyanti #1069.
10.Babad Giyanti, Balai Pustaka, 1937-39, #985 (Jilid 10). Kisah, Cerita dan Kronikal | Babad Giyanti #1070.
11.Babad Giyanti, Balai Pustaka, 1937-39, #985 (Jilid 11) . Kisah, Cerita dan Kronikal | Babad Giyanti #1071.
12.Babad Giyanti, Balai Pustaka, 1937-39, #985 (Jilid 12). Kisah, Cerita dan Kronikal | Babad Giyanti #1072.
13.Babad Giyanti, Balai Pustaka, 1937-39, #985 (Jilid 13) . Kisah, Cerita dan Kronikal | Babad Giyanti #1073.
14.Babad Giyanti, Balai Pustaka, 1937-39, #985 (Jilid 14) . Kisah, Cerita dan Kronikal | Babad Giyanti #1074.
15.Babad Giyanti, Balai Pustaka, 1937-39, #985 (Jilid 15) . Kisah, Cerita dan Kronikal | Babad Giyanti #1075.
16.Babad Giyanti, Balai Pustaka, 1937-39, #985 (Jilid 16). Kisah, Cerita dan Kronikal | Babad Giyanti #1076.
17.Babad Giyanti, Balai Pustaka, 1937-39, #985 (Jilid 17). Kisah, Cerita dan Kronikal | Babad Giyanti #1077.
18.Babad Giyanti, Balai Pustaka, 1937-39, #985 (Jilid 18). Kisah, Cerita dan Kronikal | Babad Giyanti #1078.
19.Babad Giyanti, Balai Pustaka, 1937-39, #985 (Jilid 19). Kisah, Cerita dan Kronikal | Babad Giyanti #1079.
20.Babad Giyanti, Balai Pustaka, 1937-39, #985 (Jilid 20). Kisah, Cerita dan Kronikal | Babad Giyanti #1080.
21.Babad Giyanti, Balai Pustaka, 1937-39, #985 (Jilid 21). Kisah, Cerita dan Kronikal | Babad Giyanti #1081.

Serie No. 1259h

Babad Giyanti

Anggitanipun Radèn Ngabèi Yasadipura I ing Surakarta.

Jilid 9.

Bale Pustaka - 1937 - Batawi Sèntrêm.

--- [2] ---

Wêwênangipun ingkang ngarang kaayoman miturut anggêr ingkang kapacak ing sêtatsêblad 1912 No. 600.

--- [3] ---

Lampahipun wadyabala Kumpêni dhateng Mataram, tuwin paprangan ing samargi-margi.§ Miturut babon ingkang sumimpên ing Kon. Bat. Gen. v. K. en W.

29. wus rêmbag akarya aglis | ing gêlar wulan tumanggal | kang môngka tutung têngêne | Mas Rôngga Wirasêtika | Tumênggung Jayadirja | sakancane pra tumênggung | wong Sukawati sadaya ||

30. kang kinarya tutung kering | Janapura Janagara | lan Suramangunjayane | Tumênggung Suradigdaya | lan sagung mantri jaba | kang dadya pêthiting tutung | Pangeran Mangkudiningrat ||

31. sapandêlêng têbihnèki | sungut kering sungut kanan | lamat-lamat nora katon | gênggêng kadi Jatingarang | abra ingkang busana | kang saking doh sri dinulu | sragênine pra dipatya ||

32. kang bajo sangkêlat abrit | kang sami kêkawêng pêthak | pating parêlok saking doh | miwah Kamangkunagaran | saragni lan panumbak | kang sami angangge cênthung | ting karêthap ting kalêncar ||

33. baris Kamalon sapalih | mêdal angalèr kang mapag | praptane Dêlèr Hondorop | Pangeran Mangkunagara | muni têngaranira | nulya kang para tumênggung | nititir tangaranira ||

34. uprup amêthuk pribadi | lan Pangeran Buminata | nanging tan dangu panggihe | lajêng sami alêlampah | pangarsanira prapta |

--- 4 ---

ing Kamalon kadya latu | dalêdêg angrèp pêpanthan ||

35. dêlèr kang anyandêr dhingin | ing Kamalon praptanira | katon anggabag mungsuhe | wau Pangran Buminata | lamine tan tumut prang | punika karsane gêndhung | kapalan mung kawan dasa ||

36. nanging sami dhawuk putih | nora angitung prayoga | mung miri dhawuke bae | nèng ngarsane dêlèr samya | lan sagung pra dipatya | saking kuda wus tumurun | nging maksih adêg-adêgan ||

37. lan sagung kang pra dipati | angling Pangran Buminata | Man Wiradigda bêcike | ginusah dimène nêbah | sampun ngrubêdi tuwan | lawan wong cilik puniku | kobêr akarya pondhokan ||

38. api-api tan miyarsi | Ki Tumênggung Wiradigda | Surajênggala dèn awe | dawêg man Surajênggala | pangeran nuli marang | marang gène barisipun | lajêng anyengklak turôngga ||

39. nora anolih ing wuri | Tumênggung Surajênggala | mring rajaniti kinêdhèp | dadya tan purun lumampah | samya kèndêl kewala | Pangeran Buminatèku | anèng ngarsa songsong pêthak ||

40. wus têbah lampahirèki | Pangeran Mangkunagara | ngatag prajurite lèrèg | sadasa lawan panumbak | iya namung sadasa | kinèn amêthuka gupuh | ing Pangeran Buminata ||

41. ngidul ngetan lampahnèki | Mas Rôngga Wirasêtika | angêtoni ing wingkinge | mung bêkta kuda sadasa | Tumênggung Jayadirja | mung bêkta [bê...]

--- 5 ---

[...kta] kuda pêpitu | anusul marang mas rôngga ||

42. baris agêng datan osik | sami ningali kewala | campuh kang saragni lorèk | wau Pangran Buminata | tinêtêr yudanira | galigapên nolih pungkur | Surajênggala tan ana ||

43. surak sakathahing baris | kidul lor miwah kang wetan | kadya guntur suraking wong | sinarêmpêng balanira | rinukêt saking ngarsa | saking lor mas rôngga nêmpuh | kèh tiba bature buyar ||

44. nora kêna dèn ayomi | tinêtêr kuwur kewala | sami tiba ting talêbok | kudalit pan kalorodan | Pangeran Buminata | ingawe-awe ing pistul | paksa kadya wong keringan ||

45. wong Mangkunagaran kalih | nyarêmpêng ngancari tumbak | pangeran anggiwar ngalèr | mas rôngga arsa anumbak | angetan Jayadirja | sigra anganyari pistul | bature mati sêsanga ||

46. sapuluh kacandhak urip | lajêng lumayu angênthar | mungsuh ngangsah sadayane | wau Pangran Buminata | songsongipun kabandhang | banderane sampun dangu | kabandhang sasupit pisan ||

47. lajêng mring pakuwonèki | wau Pangran Buminata | lajêng angêkêp kemawon | prang dadi rame arupak | dêlèr prajuritira | lagya prapta dèrèng cucul | banjur prang rame kewala ||

48. wetan kidul lèr ngêbyuki | Kumpêni ngêdrèl atadhah | sampun wuwuh mariyême | surake lir gêlap sasra | dyan bênggang sami nêbah | mariyêm tundha sinusul |

--- 6 ---

kadya gunture prabata ||

49. langkung rame ing ajurit | saputing dalu wus bubar | prajurit sami makuwon | Pangeran Mangkunagara | candhi pakuwonira | mangkya apan ragi mundur | sakêdhap ragi mangetan ||

50. utusan dhatêng Matawis | Pangeran Mangkunagara | atur uninga wiyose | yèn Dêlèr Kamalon prapta | ngirid prajurit lêksan | môngka manggalane kewuh | andêl Ngasmaradilaga ||

51. Pangeran Sumênêp kalih | sèwu prajurit pilihan | prajurit sabrang jinise | punika kalangkung kathah | ambèr kadya samodra | dêlèr kala praptanipun | sampun kula cacak ing prang ||

53. Sultan Kabanaran Tilar Praja, Ngungsi dhatêng Tanah Sukawati

52. mangkana pinaring aglis | angsul-angsul ingkang sêrat | nata ngundhangi balane | têdhak marang Pajarakan | wau ingkang dinuta | Pangran Mangkunagara wus | prapta ambêkta wangsulan ||

53. sêrat sampun tinupèksi | pangeran sigra parentah | mring sagung punggawa kabèh | ing prang aja na lêleda | sandika pra dipatya | dèn kêras padha anêmpuh | mrêpêki kang ngambil pangan ||

54. ingong ngandikan kiyai | badhe têdhak Pajarakan | pangeran siyaga age | Mas Rôngga Wirasêtika |

--- 7 ---

ing wuri pinasrahan | aparentah baris agung | pangran lampahe tan gawa ||

55. prajurite kathah kari | amung kuda wolung dasa | alêlancaran lampahe | Sri Bupati Kabanaran | têdhak mring Pajarakan | amung kuda kawan atus | tan pati ambêkta dharat ||

56. nèng Pajarakan duk prapti | sadalu kang putra prapta | Pangran Mangkunagarane | angabêkti ngaras pada | lan mantri lêbêtira | sadaya ngandikan ujung | agantya wong kawan dasa ||

57. sawusnya mundur anêbih | Susunan ing Kabanaran | pangandikanira alon | kulup iki karsaningwang | lamun si dêlèr prapta | ingsun durung olèh tayuh | lamun mapaga ngayuda ||

58. manawi sira pribadi | kulup ana tayuhira | kang putra matur wotsinom | kula malih yèn antuka | paduka dèrèng angsal | suka gumujêng sang prabu | iya ta lah kaya ngapa ||

59. kulup ing watara mami | si dêlèr sun tadhahana | ngarêp ing prang arêrêmpon | kaya sampyuh yun watara | uwor ngasmarèng laga | siya-siya raganingsun | têmah durakèng Hyang Sukma ||

60. angadu prang buta tuli | kulup mêngko karsaningwang | Kalibêning sapangalor | iku padha jagangana | miwah mangulon pisan | gawea rajêg galugu | kang putra matur sandika ||

61. parentah marang Dipati | Jayaningrat ing Mataram | wong desa ingarahake | tan alami jagang dadya | prajurit Anirbaya | Jagabaya

--- 8 ---

Martalulut | Saragni Singanagara ||

62. Mandhung Putra lawan Miji | mariyêmipun sakawan | pangeran wau rêmbage | lan kang rama sampun nêlas | budhal mring pabarisan | Natèng Kabanaran kondur | wadya sapalih tinilar ||

63. praptèng pasanggrahan candhi | Pangeran Mangkunagara | kang aprang maksiha rame | pra dipati tinimbalan | praptanira sadaya | dhawuh timbalan sang prabu | akarya sinduring aprang ||

78. Durma

1. wus sarêmbag sagunging kang pra dipatya | salin gêlarirèki | gène senapatya | Pangran Mangkunagara | kidul kilèn kang dèn gèni | dene punggawa | satunggil kang kinanthi ||

2. Sukawati Ki Tumênggung Jayadirja | mas rôngga kang ngênggoni | margi gêng kang wetan | lawan Kudanawarsa | pra dipati Sukawati | nunggil kang wetan | êlèr kang angênggèni ||

3. Pangran Mangkudiningrat lan Wiranata | kidul kang angênggèni | Janapura lawan | Tumênggung Janagara | Suramangunjaya malih | Suradigdaya | wau ta kang winarni ||

4. sira Idlèr pan Hondorop saha wadya | têngara budhal enjing | wontên tur uninga | baris têngara budhal | Pangeran Buminatèki | Surajênggala | môngka mukaning baris ||

5. atêngara ngangsêg sagung pra dipatya | tumêmpuh ing ajurit | parêng mundur mangsah | Pangran Mangkunagara | lan Tumênggung Jadirjèki | barêng umangsah | panganjur kang ginitik ||

6. Pangran Buminata lan Surajênggala |

--- 9 ---

tinêmpuh kowar-kawir | pan wus rinumpakan | lumayu bali samya | tinulung mariyêm sami | sakala bênggang | lor kidul nunjang malih ||

7. Pangran Mangkunagara lan Jayadirja | baris ngalangi margi | dadya kèndêlira | baris agêng lampahnya | makuwon Taji sawêngi | dalu gumêrah | dipun udani maling ||

8. saking Taji sarêng byar gènira budhal | wadya kadya jaladri | mungsuh akêkirap | têngara awurahan | tan owah gêlaring jurit | sami anunjang | rame bêdhil-binêdhil ||

9. kiwa têngên gantya mangsah miwah wuntat | ngajêng dèrèng kaèksi | gène senapatya | Pangran Mangkunagara | lan Tumênggung Jadirjèki | baris gêng prapta | ing Parambanan aglis ||

10. prapta Pangran Dipati Mangkunagara | Tumênggung Jadirjèki | mangsah sarêngi nunjang | ingêdrèl tinunjangan | kang maksih mangsah mangungkih | mriyêm pinasang | bênggang sakêdhapnèki ||

11. mênêng mriyêm kumroyok mangsah anunjang | ingêdrèl wanti-wanti | mundur mung sakêdhap | ing keri kanan wuntat | kadya karangrang gumriwis | eram kang mulat | prange Pajang Matawis ||

12. wus satêngah ari dènnya alumampah | riniwuk ing ajurit | kèndêl ing Prambanan | pangajêng kinèn mangkat | nabrang lèpèn Opak sami | gumrudug prapta | mungsuh angidak wani ||

13. kadya ladhu gumrudug turôngga lêksan | ing kanan keri wuri | miwah saking ngarsa | panggènan senapatya | Pangran Mangkunagarèki |

--- 10 ---

lan Jayadirja | kukuk anggêgirisi ||

14. kumareyab lor kidul wetan umangsah | kumarutug gumriwis | iya tan angapa | nanging ngribêdi lampah | amung kang kongsi kêpêncil | pisah barisnya | sayêkti yèn katail ||

15. nora wurung kabilaèn dening mêngsah | mangkana kang ajurit | ngasar samya bubar | Pangran Mangkunagara | sakancane pra dipati | nêbah tan nêbah | baris maksih kaèksi ||

16. dadya baris agêng tan kêna lumampah | dêlèr makuwon sami | dhusun Cupusela | sadalu datan ana | kang sami antuk aguling | sanadyan mêngsah | sami ringga ing galih ||

17. Pangran Mangkunagara anèng Samboja | dhusun pakuwonèki | pan maksih katingal | kabèh kang pra dipatya | pondhoke tan wontên têbih | dalu nênurat | enjing anonjok tulis ||

18. upas Jawa kalawan upas Walônda | mung kalih kang tinuding | praptèng Kabanaran | katur ing sri narendra | kang sêrat pinundhut aglis | duk tinupiksa | bêbukane kang tulis ||

19. pèngêt ingkang sêrat katabe manira | kang kathah-kathah nênggih | Idêlèr Samarang | pan Hogêndorop ingkang | pilênggah nagri Samawis | ingkang marentah | sagung wadya Kumpêni ||

20. ingkang ana lautan miwah dharatan | sagung pasisir Jawi | surat ngong katura | marang ing saudara | Pangran Arya Mangkubumi | kang madêg nata | lan karsane pribadi ||

--- 11 ---

21. ingkang sampun têtela kasubagèng prang | prajurit Tanah Jawi | dibya wirôtama | prawira widigdaya | kang wus kontran ing sabumi | ngasorkên lawan | ing rèh sujayèng wèsthi ||

22. ingkang sampun linairkên linampahan | dening kang mayor katri | kang wus nama mukya | prajurit tanah sabrang | Por Sakèbêr Kop pra sami | saha wus kathah | ingkang Kumpêni putih ||

23. akasukan munggèng asmara ranangga | mangke ngong anêkani | paran ingkang karsa | Susunan Kabanaran | punapa tan amrih prapti | ratu prawira | pijêr ngrêriwuk margi ||

24. saudara saengga kula utusan | kang mukul ing ajurit | ing sakarsa-karsa | mrih gêlar tan prayoga | kula kang dhatêng pribadi | têka maksiha | ngakale lare alit ||

25. besuk iya sasuka-suka yèn ingwang | wus prapta ing Matawis | mangkono prawira | nora aprang pra setan | wong lêlaku dèn riwuki | wus titi tamat | dêlèr kang ponang tulis ||

26. Sunan Kabanaran wus akarya surat | angsul-angsul wus dadi | sinungakên duta | upas wus sinangonan | nèng Kabanaran sawêngi | dutènjing prapta | dêlèr maksih anganti ||

27. anèng dhusun Cupuwatu barisira | enjing kang duta prapti | saking Kabanaran | sigra ngaturkên surat | sul-angsul tinampan aglis | nulya binuka | bêbukaning kang tulis ||

28. layangingsun sunan ingkang apilênggah | nagari ing Matawis | ingkang akadhatyan |

--- 12 ---

nênggih ing Kabanaran | wiyose dêlèr sirèki | kêkirim layang | iya wus praptèng mami ||

29. lawan iya sun wus ngawruhi sadaya | surasane kang tulis | aprakara sira | dêlèr ing lakonira | amradhayoh ing Matawis | ing lakonira | nêmu riwuking margi ||

30. nora saking ingsun kang gawe prakara | awit sira pribadi | gawe kamandaka | sira nèng Surakarta | ngaku mulih mring Samawis | ing Tugusona | ngidul mring Bayalali ||

31. nora nyana ingsun dhêdhayohan sira | mung Totlomondo iki | yèku dhayohingwang | sira kang tambuh lampah | ingsun mung nyambêlèh pitik | sêsuguh ingwang | gawe lêgok sirèki ||

32. wêwatone ya wong kadhayohan sira | maragad kêbo katri | iku maksih kurang | ya senapati apa | tambuh lakunira pasthi | kêna ing dhêndha | sira wus anglakoni ||

33. duk arsa prang iya anèng Banyudana | sira lêt patang sasi | anonjok maringwang | sêdhêng sêsuguh ingwang | kalah mênang sudhah pasthi | dudu manungsa | iya kang punya bagi ||

34. dene iki dêlèr mungguh lakonira | pan ora sun têmoni | sukan aprang nistha | sira anambung lampah | wus titi kang punang tulis | goyang kapala | dêlèr eram miyarsi ||

35. sarwi muwus tarlalu pandhe bicara | Pangeran Mangkubumi | alumuh kungkulan | tukang pra pikir tukang | angundhangi pra dipati | sami sinungan | anjawani ngajurit ||

--- 13 ---

36. Pangran Tirtanagara Sumênêp sira | tinuduh munggwèng ngarsi | angrurah anjakan | prajurite kulewang | pitung dasa munggwèng ngarsi | dêlèr têngara | budhal sagunging baris ||

37. saking Cupuwatu kang wadya balabar | kadya hèrnawa banjir | pangawate samya | miranti kering kanan | tan owah pangêpungnèki | binarukutan | wau ta kang winarni ||

38. Adipati Jayaningrat Pakalongan | wus anjog ardi Gamping | saha balanira | lawan Tumênggung Kêndhal | Kumpênine maksih têbih | nèng Watukêncang | wau wadya Matawis ||

39. wadya lêbêt kaparak wus winangsitan | kang tugur Kalibêning | prajurit Nirbaya | Saragni Jagabaya | Mandhung Nyutra miwah Miji | wong Tanuastra | lan wong Patranayèki ||

40. Martalulut kalawan Singanagara | lawan Mangundarèki | Darpati Awira | Braja lan Brajanala | Sangkraknyana lan Mayanggi | sèwu watara | kang tugur Kalibêning ||

41. Walandine sadaya dêmang sakawan | Dêmang Côndrajayèki | Dêmang Côndrayuda | lan Dêmang Imayuda | lan Dêmang Imajayèki | amangah-mangah | bajo sangkêlat abrib ||abrit.

42. acêcênthung baludru irêng rinenda | bêbêd saboja sami | padone kèncèngan | bênting cindhe jo ridan | anyuriga cara Bali | ijo sangkêlat | renda pinanji-panji ||

43. angêdhangkrang dêmang Walônda sakawan | sami nindhihi baris | bature nyadasa | gawa tumbak [tu...]

--- 14 ---

[...mbak] ampilan | miwah pêdhang lawan karbin | sarewa-rewa | sarewaning bupati ||

44. wau wadyaning mungsuh sami kumêrap | kumreyap mangsah jurit | têngara sauran | gumuruh awor surak | arame bêdhil-binêdhil | lor kidul wetan | kadya rêbah ing wukir ||

45. baris agêng tan kandhêg dènnya lumampah | pan sampun dèn ajêngi | pinêngkok kang ngarsa | kèndêl katanggor jagang | wong Sumênêp mangsah sami | narik kalewang | nêdya angobrak-abrik ||

46. tinadhahan ing mariyêm kalantaka | maksa dènira ngungkih | kang ngêdrèl sênapan | rame dènira aprang | ingkang wuri kanan kering | mangsah lir gêrah | ambendrongi ambêdhil ||

47. maksih pajêg barise wadya kaparak | kukuh tan kêna ngungkih | mungsuh miwah rowang | kanin miwah kang pêjah | mungsuh rungak kang angungkih | mungsuh tan kathah | ananging bêcik-bêcik ||

48. wusanane prajurit amyang asinang | pating palancur sami | winantarèng mêngsah | Sang Nata Kabanaran | kang anamur anindhihi | tangkêpe beda | ayêm ingkang prajurit ||

49. kang nindhihi mantri Walônda sakawan | kang samya dèn payungi | sami ambrêngangang | busananira mubyar | sami eram mungsuhnèki | kaloking kathah | yèn punggawa Walandi ||

50. kang nindhihi têtêp kukuh datan obah | dadya wau kang têbih | sami ngungak-ungak | kang anèng kering kanan | samya gumujêng ing batin | lah jaman apa | Walônda

--- 15 ---

padha balik ||

51. padha dadia dêmang ngabèhi rôngga | iki jaman bêndhalit | wong Jawa kwèh samya | manjing sêrdhadhu sabrang | Kumpêni putih kèh balik | dadi wong Jawa | akèh kang dadi mantri ||

52. ramening prang Pangeran Mangkunagara | lan sagung pra dipati | sangêt panêmpuhnya | lèr kidul miwah wetan | ngajêng wadya jro nadhahi | asru anunjang | ngungkih maksa tan kungkih ||

53. pan sabêdhug dènira abôndayuda | kèndêl samya abukti | mungsuh lawan rowang | mangan sangune opak | Kumpêni amakan roti | nginggil turôngga | sanadyan pra dipati ||

54. miwah para pangeran mangkono uga | wus lakune wong jurit | Dêmang Imajaya | lan Dêmang Côndrajaya | minggah luhur jagang sami | ngalih rowangnya | tur sami dèn payungi ||

55. sami mulat baris Kumpêni samyeram | ajidan marêpêki | Dêmang Imajaya | lan Dêmang Côndrajaya | kalih bukan cênthung sami | sami pocapan | nênggih cara Walandi ||

56. Dêmang Imajaya hèh ta dêlèrira | ajidan maturaglis | maring tuwanira | ingsun peling balaka | yèn maksa sadina iki | manjing Mataram | sayêkti nora kêni ||

57. têtumpêsan baturmu samono kèhnya | pasthi kêna sapalih | abèn-abèn baya | kêna kabèh manawa | rèrèna sadina benjing | pan rajaningwang | tan nêdya anêmoni ||

58. iya ing salakune idêlèrira |

--- 16 ---

buh besuk taun buri | angantêp ing yuda | samêngko durung karsa | ajidan anandêr aglis | matur tuwannya | idêlèr wus pêpanggih ||

59. Dêmang Imajaya pun panas punika | Walandi usar balik | wau minggah jagang | pan sarwi sinongsongan | kula ingawe murugi | peling kalintang | aja ing dina iki ||

60. iya nêdya manjing nagara Mataram | apan ta raja mami | besuk-esuk êbyar | gone karsa budhalan | wus nêdya tinggal nagari | apan wus undhang | marang kang bala sami ||

61. duk miyarsa dêlèr sukane kalintang | pasaja Mangkubumi | nora gawe gêlar | pan ora kamandaka | padha kang muni ing tulis | raja têmênan | nora gêlar pênthalit ||

62. ingundhangan kang baris kèndêl sadaya | pakuwon Kalibêning | dalu kawarnaa | nagari Kabanaran | ginusisakên sawêngi | ruwêd wadonan | sami minggah ing wukir ||

63. sarêng êbyar kaping pitu ingkang tanggal | nuju ing dina Kêmis | atilar nagara | Sang Natèng Kabanaran | wisma kang para bupati | kinèn ngobonga | prajurit jro kang maksih ||

64. anèng Kalibêning kilèn angidula | ngetan nuruta wukir | patêmon Mutihan | kalawan sri narendra | baris agêng jêbul enjing | kang tunggu jagang | sampun kapanggih sêpi ||

65. pan gumulung anggolong saengga ombak | trunane kang jaladri | wau kawarnaa | Pangran Mangkunagara | lawan sagung pra dipati |

--- 17 ---

asalin gêlar | bupati kalong katri ||

66. Jayadirja Mas Rôngga Wirasêtika | lawan Wiranatèki | pinundhut ing rama | mêthuk kali Mutihan | binêkta lampah sang aji | wau Pangeran | Mangkunagara aglis ||

67. anututi ing Kumpêni lampahira | lan sagung pra dipati | kacandhak Grèdègan | lajêng campuh ngayuda | arame bêdhil-binêdhil | aprang sadina | wau lampahing baris ||

68. sampun prapta ing Ngayodya wanci ngasar | dêlèr lampahirèki | apan datan arsa | mampir ing Kabanaran | sapraptaning Ngayodyèki | anuju ngasar | pukul limane prapti ||

69. Adipati Jayaningrat Pakalongan | lan Singawijayèki | Sakèbêr Kop lawan | sagunging pra dipatya | kalawan wadya pra sami | Mantri twin Rôngga | Pakalongan wus panggih ||

70. miwah dene Tumênggung Kêndhal apanggya | tabe rangkulan sami | bêdhahing Mataram | nanging mêngsah arungan | wong cilik tan kobêr cingcing | Surajênggala | kalawan rajaniti ||

71. bumi Gêdhong Kapêdhak kang pinasrahan | Pangran Buminatèki | dening bumi jaba | nênggih sapalih sowang | ingkang sisih têngênèki | tumut pangeran | nênggih Buminatèki ||

72. jaba kiwa pinaro Surajênggala | lawan ki rajaniti | kunêng dêlèrira | kang makuwon Ngayodya | Natèng Kabanaran kingkin | kang tinggal praja | masanggrahan ing wukir ||

73. ya ta ingkang rayi Pangran Purubaya | lan Mangkukusumèki |

--- 18 ---

miwah bupatinya | Tumênggung Cakrajaya | tumut andhèrèk sang aji | sikêpe têlas | prajurit kantun kêdhik ||

74. lampah dalu sang nata mangetanira | badhe jog ngalor enjing | wau Cakrajaya | lumampah anèng wuntat | sikêpe kabotan nênggih | ginêlak-gêlak | Cakrajaya sru angling ||

75. bok dikêbat wong lêlaku anèng alas | pan kari adoh iki | mênèk ana macan | miwah wong bumi begal | sikêpe sumaur nangis | sadasa-dasa | jêr kabotan kiyai ||

76. cinamêthi walikate biyang-biyang | pikulanira aglis | ginuwang gumrobyag | tumênggung kênang lanat | bature kalih sathithik | dadak mêmala | tumênggung kêna sarik ||

77. digêgojog Cakrajaya kêna tulah | nangis ajêrit-jêrit | amor baris kathah | cangkême ngowak-owak | tumênggung nora matitis | akudhangsangan | kangèlan pothar-pathir ||

78. Arungbinang ika tumênggung têmênan | pikirane patitis | awèt anèng jaman | bature padha enak | uwong wadon dadi siji | Pagêlèn ômba | pan uwis dèn dhèwèki ||

79. digêgojog sira iku Cakrajaya | bêngak-bêngok misuhi | binuru tan kêna | ngalor ngidul umpêtan | mubêng dènnya nêrak baris | gumêr gumêrah | kang tumênggung pra sami ||

80. tan kacandhak binuru nyalimpêt têbah | wus adoh amisuhi | Cakrajaya [Cakraja...]

--- 19 ---

[...ya] edan | tumênggung kêna tulah | digêgojog kêna pidhir | mara rasakna | polahmu kowar-kawir ||

81. bêkakrakan baturmu kèh karusakan | sira ingkang akardi | wèh durakèng kathah | wus dangu lajêng ilang | anggawa bongkotan êpring | Si Hônggajaya | manahe langkung sakit ||

82. dipun rundhuk Ki Tumênggung Cakrajaya | winêton saking wuri | wus ingarah-arah | Tumênggung Cakrajaya | ngantuk sanginggil turanggi | pan ora nyana | ginitik saking wuri ||

83. pilingane kang kêna tiba gumrobyag | Hôngganala mindhoni | maksih ngathang-athang | pinupuh mring bongkotan | alok palayunirèki | mungsuh narajang | Walônda anututi ||

84. nulya gègèr ingkang wuri ngarsanira | pikulan dèn buwangi | nyana lamun mêngsah | wau gène sang nata | miyarsa gègèring wuri | kèndêl sadaya | mapag sagung prajurit ||

85. dangu-dangu kapiyarsa yakinira | yèn Ki Cakrajayèki | punika tukaran | kalawan sikêpira | sikêpe dèn jamalani | wus lara kesah | balik ngindhik-indhiki ||

86. banderane rinundhuk saking ing wuntat | ginitik bongkotan pring | niba saking kuda | kalaran Cakrajaya | ginotong mring baturnèki | langkung kasrakat | samarga dhandhanggêndhis ||

79. Dhandhanggula

1. data tita lingira ing nguni | kawuwusa Natèng Kabanaran | kang atilar kadhatone | mêdal ing wukir [wu...]

--- 20 ---

[...kir] kidul | saha bala myang garwa siwi | tuwin kang wadya-wadya | lan sarayatipun | enjing byar ngalor enggoknya | têdhak saking arga Pamutihan prapti | panggih katri punggawa ||

2. Ki Tumênggung Jayadirja nênggih | lawan Mas Rôngga Wirasêtika | Tumênggung Wiranatane | aglar prajuritipun | anèng Pamutihan sawêngi | enjing budhal mangetan | ing Pamêdhèn rawuh | ingkang rayi kalih pisan | Pangran Purubaya Mangkukusumèki | tinilar ing Têmbayat ||

3. miwah para dipatine sami | kinèn anunggil pakaryanira | Pangran Mangkunagarane | marnahkên rayatipun | pangran kalih lan pra dipati | kinèn kidul Têmbayat | ing dhusun Parênggut | sawusnya mêrnahkên rayat | sigra budhal nusula dhatêng Matawis | tumut amrangi mêngsah ||

4. pangran kalih kanêm pra dipati | sapraptane nagri ing Mataram | sampun anunggal barise | Madegônda gènipun | sabên enjing campuh kang jurit | pangran nèng Garedegan | wiwit pukul wolu | pukul wolu dènnya bubar | sapraptane dêlèr ana ing Matawis | ingetang dènira prang ||

5. kaping lima prang karasanèki | prang Garèdègan ping sakawan | ping kalih prang ing Kacode | nulya pangeran mundur | ngasokakên ingkang prajurit | mundur ing tanah Pajang | baris anèng Jimbung | punggawa katri tinilar | Jayaningrat kalawan Janapurèki | katri [ka...]

--- 21 ---

[...tri] Jayanagara ||

6. lan Pangeran Dipati Matawis | putranira Sunan Kabanaran | lan Jayaningrat mantune | punika tumut kantun | sami baris wontên ing wukir | gantya wau winarna | nênggih sang aprabu | kang kèndêl Kawêdhèn Taman | pêparentah marang ing punggawa katri | Tumênggung Wiranata ||

7. rintên dalu kinèn andhatêngi | marang nagari ing Surakarta | Jayadirja kang saking lèr | kang saking wetanipun | Rôngga Wirasêtika nênggih | kilèn tumênggung nama | Surawijayèku | panêkarira mas rôngga | kang nindhihi sawetan wukir Marapi | parentah amêmatah ||

8. sawusira budhal sri bupati | pra dipati kang sami pinatah | wus kinèn misah lampahe | wau ta sang aprabu | lajêng anjog mring Sukawati | masanggrahan Têmpuran | dhusun wastanipun | Sang Nata Agung andonga | angluwihi dènnya karya pangabêkti | ing sunat kala katjat ||kajat.

9. agung andarus sri narapati | lan amangun ing prajuritira | Suranata kathah longe | pêjah sajroning pupuh | amilihi wong Sukawati | anake wong ngulama | kang sami pinundhut | kang barèk bisa ngulama | lan pradikan kang patut dipun pilihi | kinanthi ing ngayuda ||

10. wus kapyarsa lamun sri bupati | akèh mantri kinula wisudha | kinarya wuwuh kirange | abdi prajuritipun | Suranata kang dèn jangkêpi | dadya kathah kang prapta |

--- 22 ---

nêdya suwitèku | cinoba pangajinira | wêwacane yèn ing Kuran wus prayogi | sinung luwih gonira ||

11. wontên upase Kapitan Bali | Kapitan Bara pêkik dhapurnya | êncik Janudin namane | wus lami inggatipun | saking Surakarta nagari | anèng Mangkunagaran | pasuwitanipun | ing mangkya samirsanira | yèn sang nata mundhuti wong bisa ngaji | kinarya Suranata ||

12. lamun pantês dhêdhapuranèki | yèn surèng prang kinarya punggawa | Suranata kwèh tatale | ingkang minggah tumênggung | Cik Janudin graitanèki | pangajine wus bisa | dhapure abagus | saking Kamangkunagaran | inggatira nusul marang Sukawati | sapraptaning Têmpuran ||

13. lajêng katur marang sri bupati | pan cinoba andêrêsi Kuran | sang nata sukèng kalbune | dene warnane bagus | pinanjingkên Suranatèki | kanggêp pandêrêsira | sugih sajakipun | nama Mas Suramirana | pinangadêg busana saking sang aji | wus agêng manahira ||

14. kunêng ingkang anèng Sukawati | pasanggrahan dhusun Patêmpuran | lan sawadya prajurite | ingkang mangun manguyung | dènnya minta sihing dumadi | pitulunging Hyang Suksma | gantya kang winuwus | dêlèr kang wontên Ngayodya | utusane mring Surakarta sang aji | andadoskên kang rêmbag ||

--- 23 ---

54. Anyariyosakên Angkatipun Utusan ing Surakarta dhatêng Batawi, tuwin Paprangan Alit-alit

15. putusane mring nagri Batawi | sri narendra sagahe samôngsa | anglampahkên pêpatihe | sarta bêbêktanipun | kurmat jendral adate nguni | dêlèr duk kalih dasa | dina nèng Matarum | utusane Petor Rêmbang | tur uninga bêdhahe nagari Tubin | ing Pangran Prabu Jaka ||

16. mung sawulan dêlèr nèng Matawis | nulya matah kang badhe tinilar | kang binêkta ing antuke | pan Senapatinipun | Pakalongan Sang Adipati | mung Batang kang binêkta | dene ingkang kantun | Dêmak Kaliwungu Kêndhal | wong pasisir têngên mung kalih bupati | pan ing Kudus sadaya ||

17. ingkang mantuk Japara lan Pathi | lan ing Lasêm Kumpênine ika | mayor tinilar kalihe | Êkop Sakèberipun | kalihipun pan senapati | dene ta barisira | Senapatinipun | Pangeran ing Buminata | pra dipati pasisir kang senapati | nênggih Tumênggung Kêndhal ||

18. Totlomondo antuke narêngi | lawan idlèr mêdal Kêdhu samya | anèng Bahrawa pisahe | Samarang praptanipun | Ki Tumênggung Lasêm kinardi |

--- 24 ---

nênggih Sumanagara | ing mangkya jinunjung | madêg Dipati Samarang | ing namane wasiyat kang masiyati | Sinuhun Pakubwana ||

19. namanira Samarang Dipati | pan Dipati Suradimênggala | ing Trêbaya kakangane | gantyaning Lasêmipun | ing Trêbaya kang anggêntèni | bêkaur juru basa | Ki Bastam puniku | ran Ngabèi Kartabasa | Totlomondo praptane Surakartèki | wus panggih lan sang nata ||

20. matur solahira ing ajurit | ing purwa madya prapta wasana | tuwin idlèr pitungkase | inggih duta sang prabu | ingkang badhe dhatêng Batawi | punapa Sindurêja | myang Pringgalayèku | sri naranata ngandika | Sindurêja uwis lumakua nguni | kang durung Pringgalaya ||

21. Pringgalaya iki kang tinuding | Pakuningrat lan Pringgadiningrat | lan Tumênggung Banyumase | besuk tanggal sapuluh | wulan ngarêp Jumadilakir | gêgawan wus samêkta | mit mêdal pun uprup | lajêng dènnya kintun surat | mring Samarang samana praptèng môngsèki | ing tanggal ping sadasa ||

22. mangkat saking Surakarta nênggih | wau Adipati Pringgalaya | lan Pangran Pakuningrate | Pringgadiningratipun | lan Tumênggung Banyumas nênggih | mêthuk Têgal kewala | sumadosanipun | Adipati Pringgalaya | sakancane mangkat rêp saking nagari | nora lumaku siyang ||

23. gêgawane kuwatir ing galih | sabab nutup barise Jadirja | ing Kapanasan ênggone | nanging nuju katungkul | ing langkunge [langkung...]

--- 25 ---

[...e] radèn dipati | ing bakda ngisanira | nèng Ngasêm andulu | wontên kêkapal akathah | sami ngalèr tan wontên kèndêl satunggil | amung kantun wong dharat ||

24. Pringgalaya tyasnya sônggarunggi | Wiradipa sira têtakona | amora wong bumi bae | jaranan akèh iku | padha ngalor ya marang ngêndi | lan pra yayine sapa | Dyan Wiradipa wus | nêmbah mêsat saking ngarsa | lampahira prapta panggih kang lumaris | wong siji tinakonan ||

25. wusnya angsal tanya nulya bali | praptèng Ngasêm alon aturira | inggih angsal pitakène | kapalan kathah wau | ki tumênggung sawadyanèki | inggih Surawijaya | tinimbalan wau | mring Tumênggung Jayadirja | lampahipun benjing enjing kinèn gitik | dhatêng lampah sampeyan ||

26. dipun kintên sampeyan puniki | lampah enjing mila botên nyana | sampeyan dalu budhale | ature têlikipun | yèn paduka budhal ing Kêmis | inggih botên anyana | lamun lampah dalu | duk miyarsa Pringgalaya | suka guguk Dhi Pakuningrat puniki | bêgja laku andika ||

27. yèn sida alakunira adhi | katiwasan pranga kari kathah | mangkya ta adhi pênêde | dawêg sami lumaku | wus tinata lampahirèki | Walônda kalih wêlas | tinuduh nèng ngayun | nuntên saragni sadaya | sawontêne panumbak sami nèng wuri | lan kanan kering samya ||

28. pêpak lampah

--- 26 ---

ing ngarsa ing wuri | rêmpêk prasami yitna prayitna | tan adangu ing lampahe | prapta ing Bayawangsul | asrêp têbih lawan bilahi | wus panggih lan kumêndhan | sami sukanipun | mung sadalu kèndêlira | Bayalali enjinge lajêng lumaris | prapta ing Salatiga ||

29. budhal saking Salatiga prapti | ing Ungaran sadalu angkatnya | praptèng Samarang enjinge | anuju dina Saptu | lawan dêlèr sampun apanggih | badhe dina Salasa | dêlèr angkatipun | mung bêkta kalih punggawa | ing pasisir Batang Pêmalang piniji | praptèng dina Salasa ||

30. numpak enjing saking ing Samawis | kang pinatah atêngga Samarang | misesa Mayor Kalèrès | paprentahan prang pupuh | sinrahakên kalèrêk mangkin | kang wontên ing barisan | kalih mayoripun | Êkop Sakèbêr punika | dènnya sami kawasa ngrèhkên prajurit | mratikêlakên ing prang ||

31. kalih dalu nglaut lampahnèki | praptèng Têgal Tumênggung Banyumas | duk tigang dina praptane | langkung suka Gupêrnur | anèng Têgal pan kalih latri | enjing dènira mancal | saking Têgalarum | kunêng kang anèng samodra | winursita Pangran Mangkunagarèki | lan sagung pra dipatya ||

32. ingundhangan sarêng budhalnèki | sami umangsah marang Mataram | sigra angêpung barise | Kumpêni pan kasusu | datan ana ingkang mêtoni | nulya Tumênggung Kêndhal | kang kêdah amêtu | Sakèbêr nurut kewala | marang gone

--- 27 ---

wong Kêndhal dhomas kinardi | gêlar mariyêm papat ||

33. munggèng ngarsa mriyêm dèn alingi | wuri jalan kaki lawan tiktak | gêlare Baron Sakèndhèr | kanan kering barukut | mêdal saking biting awêrit | mêngsah tan ana nyipta | ingkang mêngsah mêtu | dragundêr kang munggèng ngarsa | dupi têbih biting kinirangan sami | mriyêm datan pakangsal ||

34. panyanane mungsuh kang umijil | nora nana mariyêm ginawa | mila anunjang sarênge | têngara awor kukuk | nêmpuh ngrukêt ngilês turanggi | dragundêr wus lumajar | gubêt marang pungkur | prajurit katêtêl piyak | mariyême sinulêd datan ngêgopi | lawan tiktak tan kêndhat ||

35. mriyêm papat êbume kêkalih | wolu tiktak tan kêna tinêrak | kang ngalingi baris akèh | muni ngalor angidul | ngetan ngulon tan angêndhati | mungsuh kathah kabranan | rusak jisimipun | myang turôngga akèh sêmpal | dadya ngisis nora tadhah nêmah têbih | miris angrêp kèh rusak ||

36. prang sadina maju mundur sami | nora owah gêlare mangkana | nora kaconggah mungsuhe | mundur kasaput dalu | undurira bala Kumpêni | siji tan ana kêna | sadaya rahayu | amung sêtabêl satunggal | kêna mimis pundhake nora ngêmasi | alara lagi nora ||

37. dadya lami pangeran ngèndêli | unduripun dhatêng tanah Pajang | anèng ing Lusah barise | amung para tumênggung | kinèn gubêd tanah Matawis | datan bêtah dèn larag |

--- 28 ---

Kumpêni amukul | tan bisa lèrèn sadina | nulya mundur dhatêng tanah Pajang sami | Pangeran Purubaya ||

38. nèng Parêguk dènira abaris | dhusun alit sakidul Têmbayat | lan sakônca punggawane | kunêng malih cinatur | ing Pagêlèn kraman mandhiri | bisikan Damarwulan | wus kathah kang suyud | aprang lan Tumênggung Têgal | tiga pisan Tumênggung Têgal sor titih | prajurite kèh rusak ||

39. nulya wau kapitan pribadi | angawaki mukul Damarwulan | nèng Purwagônda barise | lawan sira Tumênggung | Arungbinang sami ngawaki | para Tumênggung Têgal | têngga barisipun | Kapitan Sulèmbar bêkta | dragundêre kawan dasa lan Kumpêni | Islame pitung dasa ||

40. ki tumênggung kêkapalanèki | kawan atus kathah kang tinilar | atêngga pabarisane | saking ing Selalêmbu | budhalira ing Rêbo enjing | wuwusên Damarwulan | budhal lampahipun | saking gone Purwagônda | pan kapêthuk ing Jênar baris Kumpêni | lajêng campuh ing yuda ||

41. wontên satus sabalanirèki | Damarwulan cara wong aseba | bawat kandhaga ngarsane | dene gêgamanipun | anggarêbêg ing kanan kering | tumbak irêng watara | wontên têlung puluh | rame campuhing ayuda | Kumpêni drèl Damarwulan nunjang wani | tan anggop ingêdrèlan ||

42. anyêruduk tandange ajurit | sabalane wau Damarwulan | bêdhil gumuruh surake | wus pêtêng [pê...]

--- 29 ---

[...têng] dening kukus | carup sami rukêt ing jurit | Damarwulan puruna | amatèni wau | ing Walônda yêkti kathah | ingkang pêjah mung têpiyo dèn cuthiki | pêdhang mring Damarwulan ||

43. kamigilan prajurit Kumpêni | anon prangira Ki Damarwulan | mêgat Kapitan Sulêmbèr | Kapitan Bandhêm magut | ulêt ing prang wong Bugis Bali | angamuk kamigilan | dene warnanipun | sabature Damarwulan | kadi jisim dumaluwang kabèh sami | kang mulat sami gila ||

44. Kapitane Sulêmbèr angungsi | marang gone Kyai Arungbinang | gusis saparo balane | Damarwulan bêbujung | Ki Tumênggung Rungbinang aglis | Damarwulan sinipat | kêna tênggokipun | tiba saking ing turôngga | sapatine Damarwulan sawadyèki | angamuk katadhahan ||

45. tumpês kabèh wonge Damarsasi | datan wontên kang urip satunggal | wau Kapitan Sulêmbèr | sawusnya dêdêg dulu | ing jisime Ki Damarsasi | budhal sapraptanira | baris Watulêmbu | antawis ing pitung dina | wontên duta saking Kop Sakèbêr nênggih | kang baris ing Ngayogya ||

46. lan Pêpatih Buminata nênggih | bêkta baris Kumpêni urunan | ingkang saking Matarame | prapta ing Watulêmbu | suratira mayor kêkalih | tinampan ing Kapitan | Sulêmbèr dinulu | mayor kalih pêparentah | yèn Kapitan Sulêmbèr kinèn anggitik | kang madêg gunung Lana ||Lanang.

47. Ki Mas Anggèr madêg narapati | akêkojor [a...]

--- 30 ---

[...kêkojor] anèng gunung Lanang | sigra Kapitan Sulêmbèr | têngara wus sarêmbug | lawan ingkang sudara nênggih | Tumênggung Arungbinang | budhal tri gumrudug | Tumênggung Têgal binêkta | sênapane sèwu kang tumênggung katri | kalih atus panumpak ||

48. Arungbinang prajurit turanggi | sangang atus wau kang binêkta | pitung puluh dragundêre | Kumpêni Islam satus | budhalira sagung prajurit | urunan ing Mataram | dragundêr pangayun | kawan dasa Kumpêni Slam | wolung dasa turôngga Prajurit Jawi | gangsal atus sadaya ||

49. gêgaman kang lumampah wus prapti | gunung Lanang pan sampun kinêpang | pakuwonira Mas Anggèr | lajêng dènira campuh | rame sami sigra ngêdrèli | Mas Anggère tan obah | sawongira lungguh | Kumpêni sami narajang | kinarutug ingêdrèl awanti-wanti | mêksih dheprok kewala ||

50. lajêngipun Mas Anggère nênggih | bawat kandhaga saupacara | kêkêbut kanan keringe | sigra kyai tumênggung | ngatag aglis amarêpêki | kang nabuh têtêg sigra | sinanjata ambruk | pêjah ngrungkêbi tabuhnya | Mas Anggère angadêg sigra binêdhil | mring Kyai Arungbinang ||

51. bêdhil balimbingan kang kinardi | kêmbang anggur mimise slawe prah | ingkang katênggêl jajane | warata badanipun | bêbanyaki lajêng ngêmasi | kang kinarya punggawa | lan samantrinipun | sami abela sadaya | tinadhahan Kumpêni sami ngêdrèli | balasah sami pêjah ||

--- 31 ---

52. Mas Anggère pinocok dhasnèki | bandhangane kabèh wus binêkta | katur marang Matarame | sarêng ing bubaripun | mring Pagêlèn marang Matawis | sirna ratu karaman | bandhangane katur | Mayor Kop Sakèbêr lawan | Jêng Pangeran Dipati Buminatèki | suka nir ing asmara ||

55. Gupêrnur Hogêndhorêp tuwin utusan ing Surakarta wontên ing Batawi

80. Asmaradana

1. wau ta ingkang winarni | baris Pagêlèn punika | ginanti Senapatine | Kapitan Sulêmbèr minggah | mayor mring Batawiyah | Litnan Postêr minggah sampun | kapitane pabarisan ||

2. Kumêndhan ing Bayalali | Kumêndhan PotêrPostêr. punika | sampun lami pangangkate | nanging ta tansah kasêlan | saking kathah parentah | puniku ing tibanipun | kapitan lan senapatya ||

3. Sulêmbèr marang Batawi | Kapitan Postêr wus prapta | gumantyèng Watulêmbune | kunêng malih winursita | kang maring Batawiyah | dutanira sang aprabu | sarêng lan Dêlèr Samarang ||

4. pra agung nagri Batawi | kalangkung dènira kurmat | marang dutaning sang katong | sampun sinung pamondhokan | Pintu Ancol ing kana | Gupêrnur kang sampun mantuk | Adipati Pringgalaya ||

5. amung êlêt tigang bêngi |

--- 32 ---

pinanggil ing marang jendral | Dipati Pringgalayane | lan Pangeran Pakuningrat | Radèn Pringgadiningrat | Tumênggung Banyumasipun | sarêng angiringkên sêrat ||

6. saking kutha Intên prapti | kang mêthuk talam kancana | lan payung kuning lampahe | adat kang sampun kalampah | lamun dutaning raja | mangkana ing praptanipun | sêrat katur marang jendral ||

7. winangun tinupiksaglis | wus titi gya ingurmatan | duta wus binagèkake | nulya tinundhung pondhoka | benjang sadina êngkas | pêpanggihan lan gurnadur | bubar kang tamu sadaya ||

8. para radpêni ing wuri | ngraos ungêle kang sêrat | ing raos wontên gawate | binuka malih kang sêrat | ingkang mawi pangrasa | satêlase prakarèku | wontên kang gendhol ing wuntat ||

9. jawine rêkke gonèki | lawan malihipun eyang | kula matur kang sayêktos | lampahe duta kawula | Dipati Pringgalaya | sakancane botên amung | inggih anglayat kewala ||

10. jendral kang tilar donyèki | emup kang prapta ing ajal | mugi wontêna karsane | iya kang jumênêng mangkya | Jakup Musêl punika | amriha ing sèrègipun | ênggène amatah-matah ||

11. kaharjaning bumi-bumi | têngahan kang luwih awrat | kang sampun dèn lairake | têtela wus linampahan | ing sudara punika | Dêlèr Yan Baron Hondorup | kang botên sagêd wêkasan ||

12. nênggih Karaton [Karato...]

--- 33 ---

[...n] Matawis | awit undhaking pangwasa | saking Kumpêni aube | eyang buyut inggih mêngsah | lawan kang kaponakan | tuwin eyang sunan prabu | inggih mungsuh sami kadang ||

13. nanging sami nigang warsi | pundhat têrang sirna ing prang | ing rèh kang among panggawe | Kumpêni kang kinawasa | cêkak landhung ing ngarsa | ing mangke langkung sawindu | akarya owahing sipat ||

14. Paman Arya Mangkubumi | lamine dènnya mangun prang | murwèng ngalaga laminè | mêningi ibu lan rama | inggih ing pitung warsa | jênêng kawula mangkyèku | wus kalih taun lumampah ||

15. langkung inggih mugi-mugi | ing purwa madya wasana | prapta ing kapuwarane | mung èngêt kalawan nêdya | mangsuli kapênêdan | ing rèh anut amiturut | jêng eyang sakarsa-karsa ||

16. nanging mèh datan kawawi | amung eyang sapunika | inggih nuntên asèrège | mulyanè bumi têngahan | mangkya awêwah-wêwah | kang sangsaya kuwuripun | kang botên kenging dinuga ||

17. dêlèr sampun anglampahi | ngantêp prakosa pratawa | linangkungakên wawrate | pintên-pintên jinis sabrang | kang praptèng tanah Jawa | aprang kadya rèh gumuruh | karya eram kang pêpêjah ||

18. Paman Arya Mangkubumi | inggih ing sakêdhap kontal | kesah saking panggonane | botên kongsi pitung dina | wangsul malih prakosa | tan wontên wusananipun | mila ing mangke sumôngga ||

19. inggih kênia pinikir | saking pun dêlèr kewala | sampun [sa...]

--- 34 ---

[...mpun] wêkasane mangke | èstu lamun wêwah-wêwah | kasusahaning jagad | tan kenging tinulak abur | rênyuh mumur tanah Jawa ||

20. mandhêg dagangan Kumpêni | yèn raja botên raharja | wus titi tamat mangsane | bubar jendral pêparentah | padha pêpikirana | ana gêdhonge dhirèktur | Si Hondorop dèn undanga ||

21. padha tutuhên sakêdhik | tiwase ngrêksa nagara | kongsi mangkene dadine | jendral tutup pintunira | sagung radpênindia | mring gone Petrus Albèrtus | Èr Dhirèktur pan dêr Para ||

22. prapta glar para radpêni | lajêng animbali sigra | Dêlèr Samarang Hondorop | prapta lajêng mêmakanan | sawusnya mêmakanan | aglar nyênyamikanipun | ngiras sami pêpikiran ||

23. Hondorop tinutuh sami | kurang awas ing pratingkah | mucicil Dêlèr Hondorop | tan purun kinarya tiwas | kula wong cilik darma | karsane Jendral pan emukemup. | sintên purun malangana ||

24. ngrucat Pangran Mangkubumi | dèn longi kang gêgadhuhan | mangke makètên dadine | para idlèr pikirira | undur tinari samya | sèngga karsane gurnadur | sapisan kas tinêmênan ||

25. ambuwang reyal sakêthi | tuku wong Nusakambangan | antuk rong èwu pasthine | lan Kumpêni kinêrigan | kantor Selong lan Êkap | nyandhak Malaka puniku | miwah kantor tanah Jawa ||

26. kinêrig aja na kari | Kumpêni putih gênêpa | iya têlung èwu bae |

--- 35 ---

wong Baline kalih nambang | Bugis Ambon Sambawa | lan Makasar têlung èwu | kapriye yèn mangkonoa ||

27. pinukulkên Mangkubumi | apa nora bisa bebas | sumaur Dêlèr Hondorop | inggih botên sagêd bebas | upami makatêna | dèrèng campuh sêlak rusuh | karusakan dening pangan ||

28. kang angingu bêras pari | tumut Mangkubumi samya | lan wong Jawa graitane | lali têmên Si Walônda | mungsuh trah Pakubwanan | sêdyane kudu alêbur | aja tanggung babar pisan ||

29. kang wus dadi rewang sami | ambyuh kabèh tumut mêngsah | lan sadina rong dinane | punapa ingkang pinangan | arusuh padha rowang | tan kobêr tarung lan mungsuh | padha lêbur rêbut pangan ||

30. akale Amangkubumi | upama kabotan mêngsah | nuli mêpêti pangane | bêras pari ingundhangan | tan kêna dol ing mêngsah | nuli satompo nêm suku | ênggoning barising mêngsah ||

31. barisane Mangkubumi | wong nêmpur bêras mung suwang | pêsthi olèh têlung tompo | wong akèh tan bisa mangan | Mangkubumi mungsuhnya | lawan malih adatipun | kang anglurug yèn kakèhan ||

32. nulya sinambêr gêgêring | gêring esuk sore pêjah | gring sore mati esuke | nguculkên ngon-ingonira | bala tan katingalan | mênèk padha nyokot dhêngkul | gumriwis abêbarisan ||

33. gumujêng para radpêni | môngsa iya mangkonoa | gorohmu [goroh...]

--- 36 ---

[...mu] bae Hondorop | Hondorop apucicilan | kula sampun waspada | inggih lair batinipun | kula kawruhi sadaya ||

34. yèn mangkono ora kêni | lingnya pra radpênindia | Mangkubumi panggawene | rinêkutuk ing ayuda | ing prang rinoban mêngsah | ngupaya manèh kang patut | pikir aja tibèng rusak ||

35. Hondorop umatur malih | mila Dêmang Côndrajaya | lan Dêmang Imajayane | lumayu satêngahing prang | tan bêtah kurang pangan | pêndhak dina aprang tumut | angêdhangkrang pinayungan ||

36. sinabinan nyatus sami | dadi dêmang kapala prang | têlung atus rèrèhane | para radpêni têtanya | Imajayèku apa | kalawan Côndrajayèku | Sareyan Kumpêni Usar ||

37. Sareyan Palêk satunggil | kalawan Sareyan Lukas | Sareyan Usar kalihe | lumajêng satêngahing prang | nyandêrakên turôngga | cêluk-cêluk aku têluk | marang Raja Kabanaran ||

38. linajêngakên tumuli | katur mring Sunan Banaran | Mangkubumi pan ing mangke | kadhaton ing Kabanaran | Sareyan Usar nulya | padha sadina jinunjung | Dêmang Gêdhe Kapala prang ||

39. nuli pêndhak enjing malih | mêtu prang dadi pangarsa | sarta salin busanane | awake dinèblêg êmas | brangangang pinayungan | ingkang angiring gumrudug | lah ta punika pratingkah ||

40. wêwatêke Mangkubumi | para dêlèr kalih wêlas | agoyang kapala kabèh |

--- 37 ---

iku abote sinôngga | Mangkubumi ing aprang | pracaya marang Hyang Agung | santosa kaya Walônda ||

41. nora nganggo sônggarunggi | Walônda têluk sadina | banjur dadi dêmang gêdhe | pinarcaya ngadu ing prang | maring prajuritira | nora dadi pikir iku | markutuk ngêrobi ing prang ||

42. mung pinaro iku dadi | pasihe nagara Jawa | kudu ana ratu loro | mung iku pikir kang layak | nanging Hondorop sira | tan kêna selak katêmpuh | agambuh ing tanah Jawa ||

56. Gupêrnur Hogêndhorêp kalurugakên dhatêng Bantên

81. Gambuh

1. hèh Hondorop sirèku | iya ing mêngko sanadyan besuk | pasthi sira mikir sarta angawaki | ing kene maratuwaku | lagi susah nêmu ewoh ||

2. si Bantên murwèng pupuh | padha bangsane arêbut lungguh | pira-pira binanton bala Kumpêni | rame prange akèh lampus | iya Kumpêni bêbanton ||

3. Hondorop aturipun | marang Dhirèktur Petrus Albèrtus | kula tuwan sampun dinosan sayêkti | lêbure ing Jawa kuwur | tanpa wêkas ing palugon ||

4. kula darma satuhu | môngsa boronga wong agung-agung | inggih dosa ingkang kawula karya [kar...]

--- 38 ---

[...ya] wit | sayêkti Jendral pan emukemup. | kang karya ngrêbdaning mungsoh ||

5. lamun kawula sampun | bok cilakaa ing tiwasipun | tanah Jawa kula botên anglèpèti | nênggih ing Bantên puniku | amukul kula kang sagoh ||

6. nênggih ing tigang dalu | kula mung bêkta wong têlung puluh | gih dragundêr kang saking nagri Samawis | mung kawula nêdha wuwuh | dragundêr sèkêt kemawon ||

7. yèn botên pêcahipun | saking kawula ing tigang dalu | badan kula inggih dipuna jêjuwing | datan mingêra sarambut | rêmpak-rêmpu ing palugon ||

8. Dhrèktur Petrus Albèrtus | miyarsa wau ing sanggupipun | dhêlêg-dhêlêg ya kapiye sira iki | bok aja kaparèng ayun | iya Bantên iku abot ||

9. Hondorop ingkang matur | nadyan awrat ta jêr kula purun | maksih tangèh nimbangana Mangkubumi | wong siji sirahe sèwu | wong Bantên purun kemawon ||

10. Dêlèr Petrus Albèrtus | lah iya môngsa wurunga ingsun | tutur marang maratuwanira mangkin | wong kudu wani sirèku | sambatmu kudu mangkono ||

11. bubar badhe ing dalu | para radpêni ing lêbêtipun | praptèng môngsa kumpule para radpêni | inggih ing pukul sapuluh | wus aglar munggwèng ing kantor ||

12. Dêlèr Petrus Albèrtus | matur ing jendral sagunging rêmbug | lan amanggil Hondorop sampun tinanting | tan kenging yèn pinarkutuk |

--- 39 ---

pinarkuswa ing palugon ||

13. wus awrat wawratipun | yèn amrih sirna margi prang pupuh | kaping kalih cacade kang botên kenging | lamun anak putunipun | Pakubuwana Sang Katong ||

14. Kumpêni botên antuk | akarya rusak wutah rahipun | inggih lamun pinarkosa ing ajurit | wus andados gêlaripun | Mangkubumi wus kinaot ||

15. yèn rinoban prangipun | suduk sarira ing têmahipun | Mangkubumi sugih prajurit Walandi | para dêmange gêgêdhug | môngka prajurit palugon ||

16. dragundêr ingkang tundhuk | lawan Usar ingkang sami nungkul | sami piniyara lawan Mangkubumi | kathah wadya mantri agung | dadya pangirid palugon ||

17. amung pakantukipun | rukun pinalih panginggilipun | yèn wontêna inggih jalarane benjing | puniku ingkang rahayu | lan ingkang sarèh linakon ||

18. gurnadur langkung ngungun | miyarsa dêlèr ing aturipun | pratikêle solah bawane prajèki | tan kêna dinugèng kalbu | aib agawat pakewoh ||

19. lawan pun dêlèr saguh | mukul ing Bantên pan tigang dalu | amung nêdha wêwah sèkêt kang prajurit | dragundêr ingkang dèn suwun | Bali mung kapitan loro ||

20. mung waos kalih atus | sanjata dharat gih kalih atus | Jendral Jakup Musêl akèn anuruti | para radpênindia wus | kabèh bubar saking kantor ||

21. sami wangsul angumpul | marang gêdhonge Petrus Albèrtus |

--- 40 ---

dêlèr undur ingêtog budine malih | manawa na ingkang kantun | ingkang prayogi linakon ||

22. dangu pangantosipun | gupêrnur datan kêna mor ngriku | dèrèng nunggil ing pêpanthane Kumpêni | kantor Jawi jinisipun | milane amor tan amor ||

23. pisah tan pisah iku | amor tan pisah kumpul tan kumpul | yèn bicara jroning tanah Jawa pasthi | tan kêna selak katêmpuh | barang rèh yêkti tinaros ||

24. liyaning tanahipun | dudu babagan pangkate rêmbug | nora prêlu tari Gupêrnur Samawis | marma pisaha nging kumpul | nut piranti kang mirantos ||

25. wau kala tinantun | maring Dhirèktur Petrus Albèrtus | miwah nênggih tinari para radpêni | tan owah ing aturipun | saking kang sampun kawiyos ||

26. wus pinaringan sampun | prajurit sèkêt dragundêripun | kawan atus Kumpêni Islame sami | Dragundêr Batawi wau | ingajar gulêt prang rêmpon ||

27. aprang turangganipun | miwah angumpul pakantukipun | gêlar ingkang pinarjaya nora kêni | amarjaya nora luput | pisah kumpul ing paloton ||

28. ingajar kawan dalu | lajêng budhal dènira ngalurug | maring Bantên ing marga datan winarni | nagari Bantên prapta wus | lajêng tumamèng palugon ||

29. mêngsah pangrêdonipun | jawining kitha wus kathah nungkul | duk ginitik mring dêlèr undur pribadi | Santana Bantên kang tumut | sami [sa...]

--- 41 ---

[...mi] ngêntêbi kemawon ||

30. wau wus kathah lampus | Kumpêni saking Batawi mukul | datan pasah aprang lan Tubagus nênggih | Ki Tapa bêbotohipun | kang kêmat surèng palugon ||

31. anèng ing tanah Pakung | Tubagus Buwang dènnya kêkuwu | pacak baris sampun amiyarsa warti | Batawi prapta bêbantu | Twan Yan Baron pan Hondorop ||

32. aprang nèng tanah Pakung | agêlar tanah Pajang tiniru | pra turôngga anyabêt ing kanan kering | ing ngarsa miwah ing pungkur | mangkana mêngsah wus katon ||

33. Kumpêni dharat nambur | ingkang turôngga tan mawi tambur | mêngsah gèn dragundêr lan ajalan kaki | wawas-winawas lan mungsuh | lajêng campuh ing palugon ||

34. wong Bantên prange ngamuk | tumbak talêmpak lan towokipun | datan wontên kang landheyan dawa siji | dragundêr ambendrong pistul | sinarêmpêng giwar adoh ||

35. kang kari nunjang pistul | miwah ing kanan tuwin ing pungkur | yèn winalês anggiwar nolih mistuli | wong Bantên bingung kèh lampus | nêrak dharat kali Corok ||

36. wong Bali tumbakipun | anigang dhêpa doh tibanipun | tumbak Bantên nyadhêpa tan ana luwih | cathe cetho numbak luput | tinumbakan ting barêngok ||

37. pan kantun gêlaripun | yèn bêdhil numbak-anumbak luput | gêlar Pajang Matawis ingkang kinardi | wong Bantên kuwur katawur | pothar-pathir ting bacocor ||

38. tigang jam yudanipun | wong Bantên mawur malêbèng dhusun | sakarine [sa...]

--- 42 ---

[...karine] padha mèt ampungan sami | prapta mariyêm wêwolu | pinitaran saking adoh ||

39. swarane kadya guntur | mimis sêsawat anêtêr purun | kadya gêlap ambabad kêkayon sami | pang kaprapal kabarubuh | akèh nibani punang wong ||

40. wus padhang dhusun agung | katon mungsuhe akèh kang lampus | sigra mangsah idêlèr nunjang ngawaki | rikat dènnya ngikal pistul | Twan Yan Baron pan Hondorop ||

41. mungsuh binendrong pistul | sêdhih wong Bantên numbak tan antuk | pinarjaya pinistulan angluputi | Tubagus Buwang kaburu | wadyane kathah kataton ||

42. nanging kêdhik kang lampus | Sultan Tubagus Buwang malêdug | ngungsi wukir Ki Tapa bêbotohnèki | ngaturi aso nèng gunung | kang ngiring satus punang wong ||

43. wantu wus madêg ratu | anèng wukir wadyane awuwuh | nênggih satus nulya binêkta anêbih | lêlampahan tigang dalu | wuwusên Dêlèr Hondorop ||

44. nêtêpkên ratunipun | Sultan Mustapa kang madêg ratu | duk siniku pulunane murwèng jurit | wiwit prang Bantên puniku | mila binucal nèng Selong ||

45. mangkya pinanggil mantuk | ingantukakên karajanipun | besanipun Natakusuma Dipati | mratuwa Dèn Ajêng Tambur | pêpanggihan anèng Selong ||

46. wus têtêp puranipun | wadya kang sami balik duk wau | prapta malih ngantukkên karyane sami | wus pulih karatonipun | pulunan mungsuh

--- 43 ---

wus adoh ||

47. wau sira kumêndur | ambêdhah Bantên ing tigang dalu | sanggupipun marang Jendral ing Batawi | nora kongsi tigang dalu | prang saasar bae jêbol ||

48. eram kang sami dulu | maring prangipun Dêlèr Hundurup | gêlar Pajang Mataram ingkang pinardi | prang turôngga sêmprang-sêmprung | samya surak ting baraok ||

57. Sawangsulipun saking Batawi, tata-tata awit kuwatos mêngsah têmtu pêpulih

82. Dhandhanggula

1. yèn abote Pangran Mangkubumi | Si Hondorop dènira sêsambat | sayêkti dudu timbange | ing Bantên tikêl pitu | maksih abot Amangkubumi | nadyan tikêl tri dasa | malah tikêl satus | pratôndha Dêlèr Samarang | dènira prang lan Pangeran Mangkubumi | tan pundhat pitung warsa ||

2. bêdhah Bantên amung tigang latri | saguhipun wêkasan dènnya prang | satabuh asar bêdhahe | wau ta praptanipun | dêlèr undur anèng Batawi | pukul wolu sadaya | para dêlèr mêthuk | kalangkung sinungga-sungga | marang para radpênindia kinêmpit | wênèhana angudang ||

3. dadya Mintaraga duk ajurit | mêntas bêdhah nagri Imantaka | Prabu Niwata patine |

--- 44 ---

ngandikan Sang Hyang Guru | para dewa amêthuk sami | mangkana isthanira | wau dêlèr undur | kalangkung sinungga-sungga | praptanira gêdhonge idêlèr nênggih | Dhirèktur pan dêr Parah ||

4. para dêlèr kalih wêlas sami | pangrubunge ana kang ngêngudang | akathah solah bawane | dènnya suka kalangkung | dêlèr undur ngêntasi kardi | prang Bantên mung sadina | sirna mungsuhipun | prang anèng Pajang Mataram | wus wêwindon mungsuhe mundhak andadi | sabên dèn lurugana ||

5. nora kêna apês ing ajurit | sabên dèn lurugi mundhak mêlar | wuwuh jêmbar jajahane | têtela abotipun | Pangran Arya Amangkubumi | mangkana kang rinêmbag | kang sawiji amung | badhami maro nagara | angupaya jalaran ingkang prayogi | dene yèn durung kêna ||

6. tinimbangan sasolah ajurit | ing pratingkah sukur yèn kênaa | ing sajrone aprang rame | wau ta kang winuwus | dutanira Sri Narapati | Dipati Pringgalaya | wus sinung sul-angsul | miwah pakintun akathah | duta kapat kalima Dêlèr Samawis | sarêng dènira mancal ||

7. tan kawarna ing laut praptaglis | nagri Têgal dêlèr muwus marang | Dipati Pringgalayane | kinèn nimbali wau | bupati kang anêngga baris | Tumênggung Arungbinang | lan Mangkuyudèku | enggal praptaa Samarang | Adipati Pringgalaya sigra nuding | Mantri Ngabèi Pandhak ||

8. animbali mring tumênggung kalih | tigang dalu dêlèr anèng Têgal | budhal marang [ma...]

--- 45 ---

[...rang] Samarange | dêlèr sapraptanipun | nèng Samarang Radèn Dipati | mondhok ing Pakêbonan | lagya tigang dalu | tumênggung kêkalih prapta | Arungbinang miwah Ki Mangkuyudèki | nèng pakuwon wus prapta ||

9. lawan Dipati Pringgalayèki | lajêng binêkta mring loji samya | wus panggih lawan idêlèr | atêtabeyan sampun | sawusira atata linggih | dêlèr mring Arungbinang | ing pitakonipun | pambalike Cakrajaya | wus tinutur purwa madya wasanèki | dêlèr goyang kapala ||

10. lan atakèn panggènane sami | para pangeran gêdhuging aprang | mungsuh sadaya dêlinge | Mangkuyuda turipun | Sunanipun nèng Sukawati | agung dènnya dêduka | mring punggawanipun | tiwas abêre ngayuda | Pangran Mangkunagara dipun dukani | samya abêr ing aprang ||

11. yèn sampun bakda Siyam puniki | badhenipun angawaki ing prang | wikana benjing karsane | inggih ta kang tinêmpuh | kilap Kêdhu kilap Matawis | tanapi Pagêlène | inggih badhenipun | sawêg agêgabah wadya | prajurite Suranatan dèn wuwuhi | sami dinulang mangap ||

12. mêmilihi wong sapuluh siji | ingkang kinarya wong Suranata | idêlèr lon parentahe | sudara pra tumênggung | dipun sami angati-ati | Mangkubumi yèn aprang | abot sangganipun | sintên kêlar nadhahana | tinadhahan ing Kumpêni pothar-pathir | Jawa malih bangkata ||

13. yèn [yè...]

--- 46 ---

[...n] makatên sami dika mulih | lajêng sami mênêdana jagang | bok sayêktos pawartine | kula bêktani nêlu | gih mariyêm dika usungi | amung gotong nyakawan | sudara Tumênggung | Arungbinang wus lêlima | dadi wolu Pagêlèn mariyêmnèki | ing Kêdhu mung lêlima ||

14. lawan dika bêkta obat mimis | dipun kathah sampun kêkirangan | samya nginggihi ature | Radèn Pringgalayèku | sakancane para dipati | Tumênggung ing Banyumas | nèng Têgal angidul | lajêng marang barisira | ingkang mantuk marang ing Surakartèki | katri Sang Adipatya ||

15. Pringgalaya binêkta Kumpêni | pitung dasa ngatêr lampahira | dina Salasa budhale | Sawal kaping sapuluh | sêsarêngan budhale sami | Tumênggung Arungbinang | lan Mangkuyudèku | ing marga tan winursita | Mangkuyuda ing Ungaran pisahnèki | lawan Dyan Pringgalaya ||

16. Arungbinang wangsul miyos Têgil | lampahira pan sapuluh dina | praptanira ing Pagêlèn | rong bêngi nèng Winangun | lajêng ngetan sadalu margi | enjing prapta barisan | baris Selalêmbu | panggih lan Postêr Kapitan | têtabeyan aras-ingaras agênti | dènira rêrangkulan ||

17. sinungakên suratira aglis | ingkang saking Dêlèr ing Samarang | tinampèn tinupiksa ge | Kapitan Postêr muwus | hèh sudara surat puniki | gêgêdhene kang mêngsah | siyaga wadyagung | pan arsa angkat-angkatan | iya êmbuh besuk [besu...]

--- 47 ---

[...k] ingkang dèn parani | padha ngati-atia ||

18. tan alami dhusthanira prapti | kang ingutus amor lawan mêngsah | Pangeran Purubayane | têtiga kathahipun | sêmbèn magang tindakirèki | sakarsa tinuwukan | marang ki tumênggung | tan pisah lawan Pangeran | Purubaya nèng Prêguk pakuwonèki | sakiduling Têmbayat ||

19. yèn Pangeran Mangkunagarèki | angundhangi karya pasanggrahan | ingkang rama saosane | badhenipun mèh rawuh | apan arsa gitik Matawis | yèn nungkul ing ayuda | lajêng lampahipun | Susunan ing Kabanaran | badhe mukul Pagêlèn dèn sarirani | amrih rêrêmpon ing prang ||

20. duta lajêng binêkta mring loji | sawartane katur ing kapitan | pra samya gugup kalihe | kapitan lan tumênggung | parêng mangkat wong agung kalih | marang dhusun Ungaran | ing sapraptanipun | nyêngkal badhe lojinira | para mantri kinèn angirid wadyalit | nambut loji Ungaran ||

21. langkung kathah wadya nambut kardi | pêpojoke kinarya têtiga | anurut kali prênahe | kang lor wetan gènipun | kidul wetan lor kulon malih | lèpène jro ajêmbar | watu kèh makewuh | kang kidul bênêr punika | lêlarène kang kulon kang dèn bêciki | larèn jêro ajêmbar ||

22. jroning larèn pêpinggire sami | sinung batre Baluwarti jagang | kinapurancang inggile | panggonan [panggona...]

--- 48 ---

[...n] mriyêmipun | pojok tiga mriyêm nyatunggil | rontakane nyakawan | dene ingkang kidul | lan kilèn mriyêmnya gangsal | rontakane wolulas papan prayogi | langkung pakèwêdira ||

23. kilèn loji gèning baris Jawi | wetan loji panggenaning kapal | langkung santosa papane | pinajêg sikêp sèwu | sadinane kang nambut kardi | kang angrèhkên Walônda | pan kêstabêlipun | wolulikur kalih kopral | sangalikur kalawan Litnan Bumindir | rumat loji santosa ||

58. Lêlampahan ing Kêdhu ingkang Nyandèkakên Sultan Kabanaran Botên Saèstu Tindak dhatêng Mataram

24. panèwu katri kang anênggani | pandamêlan ing loji Ungaran | lawan sakônca mantrine | kapitan lan tumênggung | budhal sami angetan malih | marang ing pabarisan | praptèng Watulêmbu | ing Kêdhu kang kawuwusa | pra dipati saking Kabanaran sami | Pangran Adiwijaya ||

25. sakancane kang para dipati | Radèn Dipati Suryanagara | Tumênggung Môndarakane | Tumênggung Singaranu | Jagalatan Widigdayèki | sami gubêd sadaya | datan purun mantuk | ajrih bilih pinêjahan | dèrèng wontên parentah atilar maring | tanah Kêdhu punika ||

--- 49 ---

26. kasor ing prang sami ngungsi wukir | Pangran Adiwijaya kalawan | Tumênggung Mangkuprajane | gène gunung Pêrahu | Radèn Suryanagara malih | Tumênggung Wiradigda | ing panggenanipun | wontên ing wukir Sundara | Singaranu Môndraka nèng gunung Sumbing | lawan Jagaulatan ||

27. Radèn Mangkupraja tyasnya silib | sèdhèng sungkême mring Kabanaran | julalatan pratikêle | asring putusanipun | mring Samarang akirim tulis | Pangran Adiwijaya | wontên kang umatur | dadya tyasira Pangeran | Mutawatir utusan amundhut pikir | marang Suryanagara ||

28. cara pandung kang dinuta sami | lampah dalu mring gunung Sundara | Suryanagara ature | dipun rèrèh rumuhun | ngupayaa kang nyina bukti | yèn sampun angsal nyina | wruh ing dutanipun | utawi srate kênia | lamun sampun bandara kula aturi | têdhak ing tanah Pajang ||

29. pêpanggiha kang rayi pribadi | Natèng Kabanaran nèng Têmpuran | amung punika ature | rêmpêg lan pra tumênggung | Pangran Adiwijaya mangkin | wus padhang ing tyasira | sagung wadyanipun | kang pênêd-pênêd dinuta | lampah namur sami anjagani margi | margi dhatêng Samarang ||

30. yata ingkang kawuwusa malih | Pangran Dipati Mangkunagara | nèng Kêdhu Jambal barise | dene saosanipun | pasanggrahanira narpati | dhusun salèring Balak | Sêmampir ranipun | pra dipati pakumpulan | sri bupati karsane gitik Matawis |

--- 50 ---

prang ngantêp gêgêmpuran ||

31. sampun bidhal saking Sukawati | tanggal pitulas ing sasi Sawal | gumuruh wadya balane | sinêrod lampahipun | mung sadalu wontên ing margi | kang mêthuk tundha-tundha | ing sarawuhipun | urmat sing siyu barisnya | ngajêng kapal kang baris dharat anênggih | kang cêlak pasanggrahan ||

32. praptanira wau sri bupati | urmat mariyêm drèle gumêrah | kadya guntur sabawane | gora rèh kadi kêtug | pracalita rug-rug kairing | wus manjing pasanggrahan | wau sang aprabu | kang wadya apêpondhokan | pra santana putra sami angabêkti | myang punggawa sadaya ||

33. tan adangu bubar kang siniwi | sri narendra manjing pasanggrahan | kunêng ing wanci enjinge | pra santana akumpul | para putra para dipati | pra samya asewaka | para mantri kumpul | Sri Bupati Kabanaran | enjing miyos pinarêk pasowan jawi | aglar kang pra dipatya ||

34. gya ingawe sagung kang sumiwi | sarêng nêmbah umajêng sadaya | Pangran Mangkunagarane | angirid munggèng ngayun | wontên kalih wêlas bupati | putra katri santana | kang kêkalihipun | Pangran Arya Purubaya | lawan sira Pangran Mangkukusumèki | munggèng kering gènira ||

35. sri narendra mulat pra dipati | jajanira lir wora-wari bang | ing aprang katon tiwase | sumuk muka marêngu | nging sinamun wacana manis | kulup Mangkunagara | yèn ingsun andulu | kancanira pra dipatya | bêcik-bêcik dadya sun lingsêm [ling...]

--- 51 ---

[...sêm] ing batin | dene nagri Mataram ||

36. kongsi lawas kanggonan Kumpêni | jamak-jamak mungguh katandhinga | maksih ngêrobi tandhinge | maksih ngapit anêlu | têka nora bisa anggitik | pira kèhe Walônda | nèng Mataram iku | lawan bupatine pira | wong pasisir sayêkti akèh sirèki | lan bêcik-bêcik sira ||

37. apa kulup kang asanggup wani | ngarêpira yèn ana ing papan | nora tinêmu sanggupe | pangeran aturipun | inggih botên wontên pinanggih | bupati garundêlan | pra samya tumungkul | yèn senapati ngamuka | pra dipati karia pantês jinuwing | jêr anut senapatya ||

38. senapati lèrès ing ajurit | yèn wania ngamuk iya môngsa | gêlêm kari bupatine | sang nata duk andulu | pra dipati ulate maksih | bingar tan ana pucat | dêduka kaduwung | kaduga yèn pra dipatya | jêrih wani pasthi anut senapati | runtik suwara lêjar ||

39. angandika wau sri bupati | iya kulup yèn ingsun umangsah | bupati sun gawa kabèh | sun dokok ngarsaningsun | yèn nolèha ingsun tumbaki | pra dipati miyarsa | umatur gumuruh | inggih sandika sang nata | yèn mingkêda atilar paduka aji | suka dèn jêjuwinga ||

40. ya ta mèsêm wau sri bupati | iya besuk ing Salasa ngarsa | sun gitike mungsuh kuwe | sagung kang pra tumênggung | sapa mingkêd iya sanyari | pan sira ingsun tumbak | yèku [yè...]

--- 52 ---

[...ku] ukumingsun | matur kang para dipatya | gih sandika anggagrag kang pra dipati | wus sah prajanjènira ||

41. kunêng ingkang kawuwusa malih | ing Kêdhu Pangran Adiwijaya | wus antuk tôndha yêktine | Radèn Mangkuprajèku | kapêranggul dutanirèki | kang saking ing Samarang | ngaturakên lêmbu | têtela sèdhèng kindaknya | dadya Pangran Adiwijaya gumingsir | ngetan mring tanah Pajang ||

42. karsanira dhatêng Sukawati | sowan kang rayi sri naranata | sapraptanira ing Ngampèl | miyarsa yèn sang prabu | budhal saking ing Sukawati | arsa gêcak Mataram | bodhole angidul | wus prapta wetan Masaran | masanggrahan wontên dhusun ing Sumampir | lagya amêpak bala ||

43. Pangran Adiwijaya wus prapti | ing barise bupati pangarsa | Tumênggung Wiranatane | ing ngriku kèndêlipun | Ki Tumênggung Wiranata glis | budhal atur uninga | langkung dènnya gugup | mung kêkapalan sadasa | sapraptane wau baris ing Sumampir | jujug wuri pangeran ||

44. pangran kagyat anolih nakoni | ana paran sira Wiranata | dene ta sigra lakune | Wiranata umatur | inggih gusti atur udani | yèn rama jêngandika | wau rawuhipun | Pangeran Adiwijaya | saking Kêdhu balane kantun sakêdhik | mung kuda tigang dasa ||

45. Pangran Mangkunagara wotsari | ngaturakên turing Wiranata | sang nata ngandika age | marang Wiranatèku |

--- 53 ---

iya aturana dèn aglis | sira Kudanawarsa | mapaga dèn gupuh | mring Kangmas Adiwijaya | Ki Tumênggung Kudanawarsa nulyaglis | nêmbah lajêng umêsat ||

46. tan adangu sawadyanirèki | panggih pangeran wus ingaturan | alajênga ing lampahe | ingantosan ri prabu | sigra datan kawarnèng margi | prapta ing pasanggrahan | nira sang aprabu | sigra têdhak sri narendra | palataran sangajênge tarup nênggih | tundhuk arêrangkulan ||

47. gya kinanthi binêkta alinggih | nata ngandika marang kang raka | kang êmas paran milane | ing lampah kadi gugup | ingkang raka alon turnèki | kula ngaturkên tiwas | dhatêng sang aprabu | mênggah ing lampah kawula | wontên Kêdhu kabêlik kacêpit-cêpit | datan sagêd amênthar ||

48. kônca kula sagung pra dipati | datan wontên sagêd asingidan | mila sami nêbih kabèh | mila ngungsi ing gunung | Adipati Suryanagari | ngungsi wukir Sundara | lawan kanthinipun | Tumênggung Wiradigdaya | Singaranu Môndraka ing gunung Sumbing | lawan Jagaulatan ||

49. kula wukir Baita ing nginggil | kanthi lawan Kakang Mangkupraja | punika inggih milane | kula sowan sang prabu | pan pun Kakang Mangkuprajèki | ing sungkême wus giwang | dhatêng ing sang prabu | utusan dhatêng Sêmarang | utusane rêmbage pun adipati | gih pun Suryanagara ||

50. kula kinèn inggih mirantèni | yèn wus angsal nyina lan nyumana | ingaturan seba dhewe | mring dika sang aprabu |

--- 54 ---

kalampahan mangke kacêlik | dutane mring Sêmarang | kêni suratipun | inggih punika katura | gya tinampan tinupiksa wus kagalih | anglênggêr sri narendra ||

51. jajanira kadya wora-wari | sumung-sumung muka bang ngatirah | mangada-ada idêpe | kumêdhut lathinipun | karna sulaka gya binanting | sarira sumarambah | rahira mangraup | gênjot walikate kiwa | kumarara astanira gumariming | pratôndha sangêt duka ||

52. kang sumiwi sadaya samya jrih | mulat krodhanira naradipa | dangu sinamar netyane | pangandikanira sru | kulup Mangkunagara mami | wurung gitik Mataram | anglêboni Kêdhu | kadya ge ingsun mulata | ing rupane wong lambene robat-rabit | atine ting sarêmpal ||

53. sira bae gitika Matawis | karo adhinira ki dipatya | lan punggawa katêlune | Jayaningrat puniku | Janagara Janapurèki | gunung Kidul mêtua | nglêboni Matarum | hèh kulup Mangkunagara | ya bok aja sirèku ngisin-isini | wêdi maring Si Sungrat ||

54. kang abaris Parambanan iki | patang puluh Kumpênine Sungrat | satus Kumpêni Islame | pangeran nêmbah matur | sarwi ngakak aturirèki | pukulun gih sandika | pan Walandinipun | kaparat bêdhile kathah | botên kenging kinaroyok ing ajurit | mimisipun akêras ||

55. kang sun gawa mung bupati kalih | iya pamanmu bae si rôngga |

--- 55 ---

lawan Si Jayadirjane | kabèh karia iku | pra dipati ing Pajang sami | iridên ing ayuda | anggêcak Matarum | Kakangmas Adiwijaya | lawan pamanira Ki Purubayèki | lawan Mangkukusuma ||

56. lamun ana pitulunging Widi | bêdhah Kêdhu banjur lampah ingwang | kulup sun bêdhah Pagêlèn | dhatêng prajangjinipun | sri narendra ngandika malih | kulup kalalèn ingwang | siji punggawèku | Si Brajamusthi sun gawa | sakarine dèn rikat angadu jurit | kang putra matur nêmbah ||

57. kunêng dalu kawuwusa enjing | atêngara sarêng dènnya budhal | gumuruh wadya balane | ngalèr ngilèn sang prabu | anjog kuwêl sri narapati | sadalu masanggrahan | kang angilèn wau | Pangeran Mangkunagara | kilèn Wêdhi angidul anjog ing wukir | ngilèn manjing Mataram ||

58. baris Parambanan dèn langkungi | saha bala wus prapta Mataram | kang tinilar punggawane | Suramangunjayèku | lawan Suradigdaya sami | ngajêngkên Parambanan | têtindhih kang kantun | atêngga ing tanah Pajang | Pangran Mangkudiningrat lan pra dipati | wêwolu kanthinira ||

59. pan Pangeran Mangkunagarèki | mung Bupati Mataram kewala | lan ingkang rayi kalihe | Dipati Anomipun | sami ngubêg nagri Matawis | mubêng prang jêjèmblungan | angalèr angidul | ing sabên dina ayuda | kunêng gantya wuwusên sri narapati | saking ing kuwêl budhal ||

60. ngalèr ngilèn sadintên lumaris | prapta kèndêl dhusun Samarangan |

--- 56 ---

ing Kêbatan lor bênêre | sadalu budhal esuk | praptèng kali Gandhu Sang Aji | wong Tingkir kagègèran | angili lumayu | ngungsi loji Salatiga | kumêndhane putusan dhatêng Samawis | yèn Rajèng Kabanaran ||

61. andhatêngi wontên kidul Tingkir | saha bala kilap ingkang karsa | sigra parentah bantune | loji sapalihipun | binantonan ngalih Kumpêni | Ungaran Salatiga | wau Sang Aprabu | Kabanaran mung sadina | lan sawêngi kali Gandhu budhal enjing | mingsêr sawetan Jêthak ||

62. pagunêman santana bupati | lan manawa Kumpêni Ungaran | Salatiga kèh bantune | bilih nêdya anusul | aja kongsi adoh lumaris | milane ingantosan | wau barisipun | nèng Jêthak majêng mangetan | kang rinêmbag puwaranirèng ajurit | angungkurakên mêngsah ||

83. Pangkur

1. wau ta pragalbanira | Ki Tumênggung Arungbinang mêkathik | ing Pangran Purubayèku | lingsènira amagang | sajatine Arungbinang kang anuduh | amrih aja lêlawora | sarekane mungsuhnèki ||

2. sinôngga luwih linôpa | amrih aja kongsi sèdhèng tyasnèki | rinêksa nak rabinipun | sêlawe amêrdika | tur pêndhême mung puniku karyanipun | sawah satus wong sakawan | pra samya anandhang jangji ||

3. gêlar sandi jalasutra | wong sakawan bagi bubuhan sami | pun Wiranala umatur | Pangeran Purubaya | gusti nuwun kawula amit karuhun |

--- 57 ---

mantuk mring Pagêlèn arsa | amrênahkên anak rabi ||

4. pun bojo bilih kapiran | yèn wus prênah kawula wangsul gusti | raka paduka sang prabu | lajêng Pagêlèn benjang | môngsa kobêr kula dhèrèk ing pukulun | malang tumolih ing rayat | raka tuwan sri bupati ||

5. wadya akadya samodra | môngsa kêni sêsambat tiyang alit | pangeran andikanipun | ya bênêr Wiranala | lan warahên kabèh sêsanak-sanakmu | lamun iya lakuningwang | lawan Kangjêng Kakang Aji ||

6. tan wurung banjur marana | Wiranala nêmbah anuwun pamit | numpal kèli lampahipun | pisah anèng ing Jêthak | kilèn Tingkir Wiranala lampahipun | ing Pagêlèn sampun prapta | Selalêmbu gènnya baris ||

7. wus panggih lan kang anduta | Arungbinang lajêng binêktèng loji | tinanggap saaturipun | marang Postêr Kapitan | nora siwah lan suratira gupêrnur | kapitan apêparentah | ngusungi mariyêm sami ||

8. binêkta dhatêng Ungaran | kinèn lajêng mrênahkên Baluwarti | mariyêmipun wêwolu | rontaka salawe prah | darebase sadaya pan têlung puluh | Ki Tumênggung Arungbinang | ngundhangi kancane sami ||

9. samya ngêrig baturira | ingkang dharat miwah ingkang turanggi | nyingkirkên rêrepotipun | dhatêng nagri Toyamas | wus agili kang ngili adoh rumuhun | mêngsah agêng badhe prapta | balane kadi jaladri ||

10. Susunan ing Kabanaran | sumbagèng

--- 58 ---

rat prakosa surèng jurit | gêlaring prang soroh amuk | anyinga karti lodra | sudibya ring munahkên byuhaning mungsuh | kêkês kang sami miyarsa | kang badhe pinaran wingwrin ||

11. kunêng malih kang winarna | sri narendra nèng Jêthak tigang ratri | enjing budhal marang gunung | ing Lètèr masanggrahan | pirêmbagan santana para tumênggung | nari kang dadya pangarsa | santana ingkang tinari ||

12. amopo dadya pangarsa | nulya nari marang mas rôngga nênggih | kalawan Jayadirjèku | kalih matur sandika | enjing budhal punggawa kalih panganjur | dhomas prajurit turôngga | sami tan purun ing isin ||

13. baris Kumpêni Cacaban | ing Magêlang sampun miyarsa warti | akumpul badhe amukul | ya mung panyananira | Pangran Diwijaya prapta gawa bantu | kang rayi kalih binêkta | Pangeran Purubayèki ||

14. Pangeran Mangkukusuma | mila purun Kumpêni andhatêngi | lawan tumênggung têtêlu | Tumênggung Mangkuyuda | Natayuda kalawan Wiradigdèku | sèkêt dragundêr binêkta | kalih atus Bugis Bali ||

15. Kumpêni putih kang nunggal | Bugis Bali sèkêt kang jalan kaki | kapaliwat lampahipun | sawab sri naranata | lampah namur namung kuda tigang atus | amindha pangawat mêngsah | baris kathah kang nindhihi ||

16. Pangeran Adiwijaya | lan kang rayi kalih kang sami nunggil | lawan sami songsongipun | kuning katiga pisan | sri bupati tan mawi songsong dèn ingkup | mila sami katambêtan |

--- 59 ---

ênggène sri narapati ||

17. baris agêng sampun prapta | Têgal Wungu dene wau sang aji | lèpèn Udhèt kèndêlipun | wontên têngah lêlêbak | wadya kinèn sami ngambil toya wulu | dene mungsuh sampun cêlak | wukir bêbêk tata baris ||

18. aningali ingkang wetan | baris samya nanging maksih atêbih | Kumpêni pangrasanipun | wetan ika kang mêngsah | wau rôngga lan Jayadirja kapungkur | rôngga sowan ing sang nata | barise tinilar têbih ||

19. sri naranata ngandika | mungsuh iku tuntunên mring gon mami | sigra mas rôngga wotsantun | mêsat anata bala | wus ambêndhe baris Kumpêni andulu | ana mungsuh saking wuntat | sami nolih nunjang aglis ||

20. mas rôngga campuh sakêdhap | lajêng mundur ngungsi gèn sri bupati | Kumpêni lajêng bêbujung | tambure brang-êbrangan | ngungsi ngilèn lampahe ragi tumurun | anon baris mêndhak tarap | lajêng dènira ngêdrèli ||

21. sang nata duk salat kajat | êdrèl pisan dèrèng obah kang abdi | drèl ping kalih bakdanipun | lajêng nyandhak talêmpak | angabani prajurit sarêng umagut | pinilih lan Suranata | anunjang angidak wani ||

22. kukuk giyak ngamuk rampak | caruk rukêt Kumpêni kèh ngêmasi | wus bubrah barise kamuk | kaji satunggal pêjah | kang Prajurit Suranata tiga lampus | dragundêr kang tigang dasa | pêjah madyaning ajurit ||

23. kang kalih dasa lumajar | jalan [ja...]

--- 60 ---

[...lan] kaki tumpês tan ana kari | Bugis Bali kèh kang lampus | sakarine kang pêjah | palayune amor lan para tumênggung | lajêng angungsi Bahrawa | mung baris Magêlang maksih ||

24. Kumpênine kalih wêlas | kalih atus Prajurit Surawèsthi | wau kang mêntas prang pupuh | Susunan Kabanaran | nacahakên Kumpêni putih kang lampus | pitung dasa lan têtiga | satus ingkang Bugis Bali ||

25. saking lèpèn Udhèt budhal | kèndêl pêkên Sêcang ingkang abaris | punggawa sami umatur | yèn karsa padukendra | ing Magêlang sampun tanggêlêng ginêmpur | sawêg eca bawa rasa | obah baris ingkang têbih ||

26. yèn wontên dêdamêl prapta | saking kilèn banderanya kaèksi | kinira Kumpêni bantu | prajurit rakit samya | wong agunge miranti panggenanipun | dangu-dangu kawistara | lamun dêdamêl kang prapti ||

27. Dipati Suryanagara | lan Tumênggung Wiradigda kang prapti | saking ing Sundara gunung | ngungsi duk kasor ing prang | Môndaraka Jagalatan Singaranu | sakancane sami prapta | mêdhun saking gunung Sumbing ||

28. sarêng sowan ing gustinya | samya ngujung binagèkakên sami | narendra sarwi gumuyu | Adhi Suryanagara | sakancane pra dipati samya kuru | tur sêmbah sagung punggawa | inggih sami among kingkin ||

84. Asmaradana

1. sami pisah lawan gusti | agung binujung ing mêngsah | aprang tan wontên ayate | mangkya rawuh sri narendra | sang nata angandika | Adhi

--- 61 ---

Suryanagarèku | sapa kang baris Magêlang ||

2. umatur saha wotsari | Dipati Suryanagara | nguni kêdhik Walandine | mung Prajurit Surapringga | kang tugur ing Magêlang | inggih amung tigang atus | ing punika nuwun duka ||

3. ngandika sri narapati | si rôngga Si Jayadirja | kudu anggêcak sêdyane | yèn mungguh ingsun tan arsa | lamun wong Surabaya | turas prajurit pinunjul | nora kêna ginagampang ||

4. pinrih bandhangane kêdhik | kèh Walônda salawe prah | ing prang mêngkono adate | sudira luwih lêksana | matur Suryanagara | apurun Maduntênipun | kula lan wong Surabaya ||

5. dadya kèndêl ingkang pikir | ngrabasèng baris Magêlang | ing karsanira sang katong | budhal dhatêng Kilènpraga | kèndêl dhusun Kowangan | masanggrahan tigang dalu | prapta Radèn Mangkupraja ||

6. sang nata sampun apikir | kalawan wau kang raka | miwah kang rayi kalihe | lamun Radèn Mangkupraja | badhe kinarya lunas | Pangeran Purubayèku | tan sagêd purun matura ||

7. mangkêlipun ingkang rayi | dene sawêg naking sanak | kasêmbuh tur dadi ipe | bok inggih dipun apura | kinapokkên kewala | sru ngandika sang aprabu | angapura jajalanat ||

8. Purubaya sira iki | durung wruh ing ipenira | ing katoge wêwatêke | dudu pikir wong têmênan | pikire wong urakan | lècèk lambe nrus ing kalbu | Si Adhi Suryanagara ||

--- 62 ---

9. iku dhingin kang nanggoni | duk kabandhang ing paprangan | Suryanagara wotsinom | kala kacandhak ing papan | nêlas atur kawula | sampeyan sêntana prabu | nanging kacandhak ing ajang ||

10. pasthi ngruntuhakên batin | sanès anungkul arisan | lamun sampeyan amopo | botên purun asupata | yêkti kawula tumbak | sanadyan santana ratu | pênêd katura wus pêjah ||

11. nuntên wuwus sarwi nangis | Adhimas Suryanagara | sampun dika mindho gawe | mungguh ing badan kawula | pasrah adhi mring dika | imbarên ping wolu likur | tan sêdya sèdhèng ing benjang ||

12. makatên purwane nguni | mulane purun kawula | mring Pangran Purbaya linge | ngaturkên raka paduka | miwah putra sampeyan | Pangran Mangkunagarèku | jêtung Pangeran Purbaya ||

13. sang nata ngandika aris | timbalana Jayadirja | karo si rôngga dèn age | ingkang tinimbalan prapta | mas rôngga lan Jadirja | ya ta ngandika sang prabu | pêdhakên bocah kaparak ||

14. dèn pêpak paseban jawi | pinilih lan Suranata | kabèh timbalana mring jro | wa Pangulu Dipaningrat | dèn age timbalana | lan Dhi Rôngga Ngadilangu | padha sira timbalana ||

15. lawan karo Tuwan Sayid | padha sira aturana | mas rôngga nêmbah wêdale | gandhèk sampun dhinawuhan | ngubêngi kang ngandikan | tan adangu praptanipun | lêbête kerid mas rôngga ||

16. têdhak sakêdhik sang

--- 63 ---

aji | amêthuk ing para tuwan | sampun cinandhak astane | binêkta lênggah satata | aglar punggawèng ngarsa | sang nata ngandika arum | ing Pangulu Dipaningrat ||

17. wa pangulu ingsun tari | apa kukume wong murtat | ki pangulu ngisbatake | tuwan mangke yèn ing Kitab | kula matur ing tuwan | Jawa Arab kang kalaku | paukumane wong murtat ||

18. sang nata sigra nambungi | gih tuwan kadi punapa | ngandika sayid kalihe | yèn murtat kapir wus Islam | murtat bali mring kopar | pinêjahan ukumipun | kadi punapa kang tindak ||

19. lamun murtat sami Jawi | kadi wadyane sang nata | ing Surakarta asale | suwita marang kang rama | lami wangsul saengga | mring Prabu Surakartèku | tan kêna ingaran murtat ||

20. Sang Prabu Surakartèki | lan kang rama Kabanaran | tan kêna ingaran roro | apan sajatine tunggal | anak lan kaponakan | sang nata ngandika arum | mangke kalancangên tuwan ||

21. si rôngga lawan si adhi | puniku Suryanagara | sêrikan atunggal gawe | tunggil dènnya asuwita | janji apêjah gêsang | cidra-cinidran tan antuk | sami rowang lara lapa ||

22. wasana salah satunggil | puniku nyambat Walônda | akèn angrisak kancane | lêbura sapambarisan | apêsa manungsa Slam | makatên tuwan puniku | lair rowang batin mêngsah ||

23. sayid kalih ngandikaris | puniku pangawak setan | sampun tan wontên ukume |

--- 64 ---

manungsa wus dadi setan | ing rèh sakarsa-karsa | rinêmêda rintên dalu | botên malêr sakêri rat ||

24. gumujêng sri narapati | sarwi aningali sigra | Tumênggung Sindusastrane | sêrate Dyan Mangkupraja | ingkang kinèn amaca | jinarwan mring ki pangulu | ngarti tuwan kalih pisan ||

25. amaca ngudubilahi | tuwan Sayid kalih pisan | ngatag bubaran sang katong | tuwan sami makuwona | mangke kawula lunas | inggih jajalanatipun | kang wasta pun Mangkupraja ||

26. wus mijil kang para mukmin | pra dipati pinitungkas | ing mangkya lamun praptane | Mangkupraja yèn wus prapta | anèng pasowan jaba | amundhuta dhuwungipun | Dipati Suryanagara ||

27. dèn aris anyêkêl aglis | si rôngga lan Jayadirja | ingkang anubruk wong roro | yèn mogok arubêd nulya | pinilih Suranata | kang nyuduk ana wong wolu | iku padha ming têlua ||

28. Si Yudaningrat pinilih | karo Si Surajênaka | Wulangsari katêlune | papate Si Prabakeswa | dene wong Suranata | Si Marjan lan Si Sêmangun | Si Kastuba Si Mustaha ||

29. pangeran katiga sami | samya kinèn makuwona | aja karungu polahe | wus dadi ingkang parentah | sadaya sami mêdal | gandhèk kang nimbali gupuh | lêlurah Carang Pradapa ||

30. tan adangu nulya prapti | Dyan Tumênggung Mangkupraja | sampun pinasang ênggone | anunggil Suryanagara | kiwanipun [kiwani...]

--- 65 ---

[...pun] Jadirja | mas rôngga nèng têngênipun | dipati Suryanagara ||

31. andhawuhi amundhut kris | Mangkupraja wus sumôngga | Jayadirja nubruk age | mas rôngga ngulungi tampar | basêsêt wus binônda | Suryanagara sru muwus | wong kang kaya Mangkupraja ||

32. dêstun wong pangawak iblis | mendah kang nanggung matia | nora kanggo têlung sênèn | nuli bar ginawe lêbar | nora wêdi supata | dhingin wus ngêntèk janjiku | mêngko têka bisa cidra ||

33. dene nora ngamuk dhingin | duk prang kacandhak nèng Tidhar | yèn lananga sayêktine | môngsa gêlêma kabandhang | pasthi palaur pêjah | muwus sakrama-sakramu | Dipati Suryanagara ||

34. angling sarwi mrêbês mili | wau Radèn Mangkupraja | adhimas paran jatine | kula manggih sapunika | angling Suryanagara | inguncalan sêratipun | mas rôngga ingkang amaca ||

35. Mangkupraja anglês angling | adhimas Suryanagara | kula titip ing putrane | sampun dinosakkên samya | mas rôngga sigra nyêntak | Sutanto karo puniku | kaponakane sang nata ||

36. lamun dika wuruk jahil | masa etang kaponakan | sayêkti dèn ilokake | yèn boya môngsa katuta | wontên dhawuh pangeran | bêktanên mring langgar gupuh | Mangkupraja kinèn lunas ||

37. linawe wus angêmasi | kunarpa pinêtak juma | ing pasanggrahan korine | inginêb wus kinancingan | manawa ingkang garwa | miyarsa nuntên malêbu | nata tan purun panggiha ||

--- 66 ---

38. ingkang putra dèn timbali | radèn mas kêkalih pisan | duk bêbêgèr ri kalihe | praptane wus dhinawuhan | lamun pinutra-putra | sami sinungan jêjuluk | kang sêpuh Mangkuwijaya ||

39. Mangkudiwirya kang rayi | sarwi pinaring lêlênggah | anglimang atus sabine | wau ingkang kawuwusa | Dèn Ayu Mangkupraja | myarsa kang raka linampus | mring kang rayi sri narendra ||

40. dèn ayu lumajêng aglis | arsa maring pasanggrahan | matia barêng lakine | praptanira pasanggrahan | korine kinancingan | andêdêl pintu amuwus | anjêrit aminta lawang ||

41. tan wontên ingkang nauri | lumayu dhatêng paseban | arsa angrêbut kêrise | pra dipati ing paseban | kinarya suduk jiwa | gègèr kang para tumênggung | ki Tumênggung Jayadirja ||

42. prayitna atinggal kêris | lan Tumênggung Jalêksana | wong loro sami gêdhene | bupati kang kathah-kathah | gumrubyug bêng-ubêngan | kang para mantri malêdug | giwar ngubêngi paseban ||

43. Jayadirja kang nadhahi | wong loro sarêng anyandhak | lajêng kantaka mring ngênggèn | akaku ingkang sarira | supe purwa duksina | katur marang kang sinuhun | yèn kang bok ayu kantaka ||

44. kinèn sami amiyosi | nyai lurah kalih pisan | anggawa kasinomane | radèn ayu binabayang | binêktèng pasanggrahan | pinêrnahakên ing pungkur | para garwane sang nata ||

45. sadaya ngadhêpi sami | maksih dènira kantaka |

--- 67 ---

pukul sawêlas kawite | Radèn Ayu Mangkupraja | wungu saking kantaka | nênggih wanci pukul têlu | pêpungun angrês kang driya ||

85. Mijil

1. para ipe samya angaturi | sarwi matur alon | dhuh bok ayu ing tyas dipun sarèh | rayi paduka sri narapati | apan inggih darmi | karsane Hyang Agung ||

2. mênggah ing lara kalawan pati | tan kenging ginayoh | ing manungsa bêkta wêwatêse | kaki-kaki lami tan ngêmasi | bayi rare cilik | kathah nuntên lampus ||

3. gih punika anibani pasthi | pancèning Hyang Manon | sami luwês sang nata garwane | sami titih amicara ngèlmi | prakawis ing pati | tan kêna jinaluk ||

4. watês cêkak sinambung tan kêni | yèn panjang dipun long | botên kenging sampun pêpêsthène | amung inggih putranta kêkalih | paduka tingali | pan pinundhut wau ||

5. tilaring rama sabin pinalih | karsaning sang katong | sampun pinundhut putra kalihe | ingkang sêpuh ginadhuhkên inggih | bupati kêkasih | pun Jayadirjèku ||

6. ingkang anèm mas rôngga gadhuhi | ingkang kinèn ngêmong | putra kalih wus mawat kalihe | punapa kang krêndayaning galih | tan sae pinanggih | durakèng Hyang Agung ||

7. yèn paduka kang bok tanpa ngèlmi | pan putraning katong | anggêgawa ing akèh cacade | mundur kaya anake pak Sani | yèn kapatèn laki | bingung liwang-liwung ||

8. Radèn Ayu Mangkupraja

--- 68 ---

gigrig | lingsême katongton | emut lamun watêse pêpasthèn | tan adangu têdhak sri bupati | lan punggawa kalih | ingkang sami tumut ||

9. para garwa gupuh angingsêri | dènira alunggoh | sri narendra alon timbalane | dhuh bok ayu raka dika mati | karsaning Hyang Widdhi | kalane amuput ||

10. nêdya mukir ing karaton kalih | dudu pikiring wong | kudu miji ing Walônda dhewe | nora milu anak sri bupati | ing Sala tan mawi | miwah marang ingsun ||

11. kaya wong wani amangun jurit | apikir mangkono | iya sapa kang wêdi dhèwèke | mung bandhane ngêmpakakên jail | prang dhewe tan wani | wong mangkono iku ||

12. yèn uripa jêjêmbêri bumi | agawe pakewoh | gawe rusak ing sanak-sanake | gawe rusuh lêtuh marang bumi | ngapêsakên wiji | pangrusake tuwuh ||

13. dhuh bok ayu pangandikanèki | tuwan Sayid karo | raka dika tan wontên ukume | dene sampun apangawak iblis | jurên siyang latri | wus sah tanpa kukum ||

14. duk andangu bojo dika nênggih | polahe sayêktos | wong kêkancan tur para ipene | kinèn angrusak mêngakkên kori | anjawil Kumpêni | awèh marganipun ||

15. sami maca angudubilahi | tuwan Sayid karo | dene bangêt tan ana tinolèh | akêkancan para ipe sami | pinrih angêmasi | mungsuh mèh tinuntun ||

--- 69 ---

16. lamun bok ayu adarbe pikir | angiman ing bojo | lan kadange sakawan kang pinrèh | ya ing pati siya-siya nênggih | pama kang mas Hadi | Wijaya puniku ||

17. iya lawan dhimas Purbayèki | katêlune ingong | kapat sira Mangkukusumane | ingkang padha pinrih angêmasi | yèn palaur laki | ambuwang sadulur ||

18. yêkti dede bêbudèn sayêkti | punapa samêngko | gih bok ayu kula susulake | kudu seda anglabuhi iblis | kang bok anauri | apa kang cinatur ||

19. yèn wus katiban ukume Widdhi | nanging ta sang katong | ing patrape bok aja sumeje | nora katon awak ingsun iki | kadange pawèstri | milu baya lampus ||

20. êndi ana kadange pawèstri | ingkang kaya ingong | kaluyuran saba alas gêdhe | bok iyaa maune anjawil | pasthi maekani | amrih bênêripun ||

21. jinawila bok ayu sayêkti | amurung lêlakon | yèn uripa babon setan kabèh | iya setan ing satanah Jawi | kang Mangkuprajèki | kaki buyutipun ||

22. kang bok ayu aturira aris | ing rayi sang katong | gih dinawa tan wontên asile | balik awak kula sapuniki | dika amaringi | sandhang panganipun ||

23. suthik angêmpèk kula sang aji | putra dika karo | kudu-kudu golèk pangan dhewe | angandika kang rayi narpati | gih bok ayu inggih |

--- 70 ---

sabin tigang atus ||

24. lênggahe kang Mangkupraja nguni | kang sèwu kemawon | putra paduka kang bok kalihe | anglimang atus lagi samangkin | tiga atus kari | katura bok ayu ||

25. lawan pundi kang dika sênêngi | prakawis nunggil gon | pundi dados sukane karsane | rayi katiga pênêde gênti | kang raka turnyaris | pun Purubayèku ||

59. Pêpêrangan ing Gowong

26. mas rôngga lan Jadirja tinuding | maringkên kang êmbok | mring kang rayi Pangran Purbayane | undhang budhal wau sri bupati | marang Margawati | pakuwon winangun ||

27. baris agêng anèng Margawati | kêkutha kêkojor | wadya Kêdhu sami prapta kabèh | mawi lun-alun ing Margawati | yèn Saptu miyosi | watang sang aprabu ||

28. bumi Kêdhu parentah binagi | sadaya punang wong | kang salêksa patang èwu mangke | Pangran Adiwijaya pinaring | kalawan ta malih | kang salêksa punjul ||

29. kawan èwu kang pinaring malih | ingkang bumi Gêdhong | kang rinujad amung kaparake | mantuk abdi kaparak prajurit | Gêdhe lan Panumping | sadaya kang dinum ||

30. Adipati Suryanagarèki | tigang èwu wuwoh | pra tumênggung anyèwu wuwuhe | Suranata miwah ta pinilih | pinundhutkên [pinundhu...]

--- 71 ---

[...tkên] sabin | wuwuh tigang èwu ||

31. wadya Kêdhu kang pantês ing jurit | kang surèng palugon | pinundhutan anggawa pêndhême | ingkang nyatus anyèkêt pra sami | winor lan pinilih | twin Suranatèku ||

32. wontên bupatinira kang prapti | bupati ing Gowong | ki Tumênggung Mangkudirja rane | Wiraduta kang tuwa kinardi | anama Bupati | Gowong wolung atus ||

33. wusnya Patidhar dènnya akardi | duk lagya ngadhaton | Kabanaran kala pamacake | mangkya prapta sowan Margawati | galibêd ing wukir | ing salaminipun ||

34. praptanira ngaturi udani | lamun tanah Gowong | ing Sêmpura ênggène lojine | amung tri dasa Kumpêni putih | satus Bugis Bali | nênggih pun Tumênggung ||

35. Mangkudirja anuwun têtindhih | gêcak loji Gowong | dadya pirêmbagan ing karsane | animbali kang para dipati | pra santana sami | nèng ngarsa sang prabu ||

36. angandika wau sri bupati | rêmbugên ing kono | miwah kangmas lan arimas kabèh | ing pakolih linakon ing jurit | tuwin pra dipati | dèn padha awudhu ||

37. Pangran Adiwijaya lingnyaris | sanak-sanak ingong | payo nuli sawêtu-wêtune | enggal miyarsa sri narapati | ing ngêndi ginitik | tumulining pupuh ||

38. ing Cacaban yèku ana baris | agêdhe kang mungsoh | ing Magêlang ika ana manèh | ing Ngayogya kang baris Kumpêni | nganggo Senapati | Buminata [Bumi...]

--- 72 ---

[...nata] iku ||

39. lawan Senapatining Kumpêni | Sakèbêr lan êkop | padha Mayor pan karo namane | mungsuh manèh ana ing Bahrawi | ing Pagêlèn malih | iya Gowong iku ||

40. sri narendra ing rèh wus amangsit | kang badhe linakon | Adipati Suryanagarane | ingkang sampun dhinawuhan pikir | maksih kinèn mangsit | guthit binathuthut ||

41. malah kinèn angaku pribadi | yèn sampun kawiyos | saking Radèn Suryanagarane | nuntên mas rôngga kinèn nêpungi | lan Jayadirjèki | pikir dèn akumpul ||

42. angungkabi sagung pra dipati | lan santana katong | ingkang kawit ambuka rêmbuge | Pangran Adiwijaya nulyaglis | ngatag pra dipati | payo pra tumênggung ||

43. aja ana taha urun pikir | bêcik lawan awon | pan ing kono ginambar ing akèh | môngsa nuli kanggoa tumuli | atanting-tinanting | sawusananipun ||

44. para tumênggung aturirèki | pra samya anggendhol | kula kônca sinôngga ing akèh | ingkang abdi darmi anglampahi | mung punggawa katri | kang dèrèng umatur ||

45. mas rôngga lan Jayadirja sami | kang dèrèng miraos | lan Dipati Suryanagarane | Pangran Adiwijaya anari | adhimas Dipati | Suryanagarèku ||

46. miwah adhi rôngga kadi pundi | lan wakane kono | Jayadirja aja minggu bae | kowe kakang pan tuwa pribadi | yèn kang Pugêr sêpi | sira kang katêmpuh ||

--- 73 ---

47. Jayadirja datan anauri | tumungkul ambêkoh | Adipati Suryanagarane | dhuh Pangeran umatur sayêkti | paran kang kinapti | punapa prang labuh ||

48. punapa prang nganggo ngistiyari | dadining palugon | inggih pundi ingkang kinarsakke | yèn prang labuh botên nganggo pikir | yèn prang nganggo pikir | istiyar ranipun ||

49. ingkang pinrih salamêting dasih | sampun kongsi bocok | rahayua madya wasanane | maksih tangèh lêlakoning jurit | yèn mawi pinikir | pundi gèning mungsuh ||

50. akèh kêdhik tinêmpuh ing jurit | prang ngamuk rêrêmpon | saênggone pan angumbuk bae | tan angitung rahayuning dasih | rusaking prajurit | apa gawe ngitung ||

51. nistha siya-siya buta tuli | yèn jênênging katong | apranga tan mawi istiyare | Pangran Adiwijaya nauri | milane pinikir | mrih ayu anggambuh ||

86. Gambuh

1. Suryanagara muwus | amung satunggil pikipikir. panuju | inggih lamun amungsuh prang lan Kumpêni | nyuru jênang panjang agung | panas misih mêntas umob ||

2. nuli banjur sinêru | ênggon sawiji dènira nyuru | nora nganggo istiyar amaekani | môngsa kênaa dèn puluk | amêsthi cangkême mlocot ||

3. yèn rare karyanipun | saking ing pinggir panyurunipun | ingubêngan talatèn panyurunèki | suwe-suwe têngahipun | adhême wèh tan pakewoh ||

--- 74 ---

4. enak pinangan nutug | kados punika prayoginipun | saking pinggir ing Gowong punika pinggir | ing Pagêlèn saminipun | wontên pitulung Hyang Manon ||

5. nuntên anêngah besuk | kang nama nêngah nagri Matarum | winêdalan saking kilèn ing Matawis | abèn-abèning Matarum | yèn Pagêlèn sampun pêgot ||

6. Kumpêni ing Matarum | ngrasa supit padhaa lumayu | lunga baris padha mulih mring Matawis | yèn dhèwèk antuk pitulung | kang abaris padha bolos ||

7. ngandika sang aprabu | aling-alingan gunême wau | wus ginambar gunême eca pribadi | dadya pangandikanipun | sang nata mring raka alon ||

8. kang mas punapa sampun | ingkang apikir pungkasanipun | matur alon Pangran Hadiwijayèki | pan inggih sampun kacukup | sumanggèng karsa sang katong ||

9. pun Suryanagarèku | kang sampun eca ing pikiripun | Jayadirja adhi rôngga anêpungi | punggawa sadayanipun | rêmpêg tumut sami golong ||

10. ngandika sang aprabu | inggih kakang mas kalamun sampun | botên wontên pikir kang ngedhon-edhoni | kula nut ngangge puniku | benjing enjing kula bodhol ||

11. mas rôngga nêmbah matur | lamun makatên kawula nuwun | lilah dalêm pun Mangkudirja ing mangkin | kawula nindhihi laku | kang gêcak loji ing Gowong ||

12. ya bênêr rôngga [rông...]

--- 75 ---

[...ga] iku | nuli budhala lan Si Tumênggung | Mangkudirja sira ingkang anindhihi | lan sun gawani sirèku | sathithik prajurit ing jro ||

13. Nirbaya Martalulut | lan Jagabaya Wirabrajèku | Cakragnyana Kanoman kalawan Miji | lan sun gawani sirèku | salawe watang punang wong ||

14. ingkang limalas iku | wong Suranata ingkang sapuluh | iya mantri pinilih ingkang nindhihi | marang lakunira iku | anggêpuk loji ing Gowong ||

15. ya Si Janodin iku | gonên pangirid Suranatèku | jênêngana iya sun arsa udani | antêpe kawanènipun | dulunên prang dèn waspaos ||

16. mas rôngga nêmbah mundur | lajêng têngara ing budhalipun | lan Tumênggung Gowong Mangkudirja sami | saking ing ngarsa wotsantun | sarêng nambur dènnya bodhol ||

17. ingkang môngka panganjur | wadya kaparak mas Rôngga Mangku | Suranata ingkang kinarya pangirid | amung tuduh marginipun | ingkang para mantri Gowong ||

18. lêpas ing lampahipun | sarêng prapta ing sawetanipun | amakuwon mas rôngga sawetan biting | andhêdhêp tan ana sêru | wus parêk panggonan mungsoh ||

19. enjinge budhalipun | wau sang nata sawadyanipun | pan gumuruh wadya rèh kagiri-giri | kadya robing samodragung | pindha lun gumulung golong ||

20. saasar lampahipun | kang baris agêng kèndêl kêkuwu | masanggrahan Karasak sri narapati | swaraning bala

--- 76 ---

gumuruh | nèng paminggir desa Gowong ||

21. ing Gowong lojinipun | pan kalih ênggon ing Sêmpurèku | lawan Kalibawang lojine satunggil | baris Gowong wus angrungu | yèn badhe katêkan mungsoh ||

22. baris Sêmpura ngumpul | mring Kalibawang Kumpêninipun | pan kapêthuk mas rôngga lampahirèki | lajêng dènira acampuh | prajurit kaparak nyêrot ||

23. Kumpêni drèl gumrudug | wong Suranata limalas nêmpuh | ngamuk rampak rukêt sami angamuk kris | pinilih sami angamuk | Janodin mojok ngungkih rok ||

24. mas rôngga sami ngamuk | kuwêl akathah pêpêjahipun | mungsuh rowang akèh kanin kèh ngêmasi | rukêt ing prang ting kalêbruk | Janodin angamuk awor ||

25. langkung rame prangipun | akèh agapyuk suduk-sinudukAksara 'na' pada 'sinuduk' ditulis dengan wulu dan suku, semestinya wulu milik aksara 'sa' jadi: sinuduk. | kang prajurit Kaparak pan antuk titih | mas rôngga ingkang angadu | mungsuh kèh mati prange sor ||

26. Janodin nandhang tatu | ngamuk Walandi antuk sapuluh | Bugis Bali wolu kairas ing jurit | mangkana wau sang prabu | saking Karasak wus bodhol ||

27. nèng marga miyarsèku | nênggih suwara bêdhil gumuruh | Pangran Adiwijaya matur kang rayi | ngarsa sanjata gumuruh | suwawi tilar rêrepot ||

28. bilih pun rôngga tarung | inggih manawi kawratan mungsuh | sigra misah sang nata nulya ngriyini | lan turôngga kalih atus | wau kang aprang rêrêmpon ||

--- 77 ---

29. kèh pêjah mungsuhipun | kèrine mati sami lumayu | ngungsi loji Kalibawang kang dèn ungsi | mas rôngga sakancanipun | angêsuk lan prajurit jro ||

30. lajêng prapta sang prabu | anuli sami tumut angêpung | laju ngangsêg prajurit angobrak-abrik | jagang kapurancang gêmpur | lojine sampun kalêbon ||

31. kêdhik Kumpêninipun | mung kalih dasa wus tumpês wau | Bali Bugis wolung puluh tumpês sami | lajêng budhal sang aprabu | masanggrahan kidul Gowong ||

60. Pêpêrangan ing Bagêlèn tuwin ing Malaran

32. kang rayi lon umatur | nênggih Pangeran Purubayèku | nênggih wontên saking Pagêlèn pawarti | Kumpênine arsa mêthuk | ing lampah paduka katong ||

33. dadya pinikir wau | Pangeran kalih samya tinuduh | Purubaya lawan Mangkukusumèki | anjoga Kalibatèku | jêbula wurining mungsoh ||

34. baris Malaran iku | kang jaga gêcak punggawa têlu | Jayadirja Dipati Suryanagari | si rôngga katêlunipun | kang rinêmbag sampun dados ||

35. mas rôngga nêmbah matur | inggih pukulun sampun kadulu | pêpurune abdi dalêm pun Janodin | inggih sae antêpipun | alon ngandika sang katong ||

36. ya Si Janodin iku | sun kulawisudha ingsun [ingsu...]

--- 78 ---

[...n] junjung | lêlungguhe saking ing ngandhap samangkin | sun sêngkakakên ing luhur | jumênênga ing samêngko ||

37. Arya Jayèngranèku | sun aku anak Radèn ranipun | ya dadia sor-sorane Si Ngabèi | Wadana Suranatèku | sawah tri atus sinangon ||

38. gawanên anèng ngayun | gawa kancane iya sapuluh | katogêna pêpurune ing ajurit | mas rôngga nuwun wotsantun | kunêng malih kang wiraos ||

39. kang baris Selalêmbu | Kapitan Postêr lan ki Tumênggung | Arungbinang sawusnya têlike prapti | lamun mangke sang Aprabu | Kabanaran wontên Gowong ||

40. sampun nuduh panganjur | ingkang rayi kalih kang ingutus | Pangran Purubaya Mangkukusumèki | kinèn gêcak Selalêmbu | dene barise kang êlor ||

41. Malaran kang tinuduh | punggawa katri ingkang anggêpuk | Jayadirja Dipati Suryanagari | lawan mas rôngga puniku | wus budhal saking ing Gowong ||

42. kapitan lan tumênggung | Postêr Rung Binang pra sami gugup | para mantri sèwu Numbak Anyar sami | cinacah turangganipun | sèwu nêm atus mirantos ||

43. binage dènnya tugur | margi têtiga pamatinipun | pinartiga ngawan atus kang turanggi | têtindhih mantri panèwu | kantun kawan atus kang wong ||

44. prajurit turanggèku | dene kang dharat pan tigang èwu | inggih sami pinartiga pandumnèki | kang turôngga kawan atus | binêkta mucung kang uwong ||

--- 79 ---

87. PocungTeks asli: Pucung.

1. bubaripun saking baris Watulêmbu | Postêr Arungbinang | marêngi dina Rêspati | pasar Wage tanggal pisan sasi Bêsar ||

2. pan anuju ing akiring taunipun | praptaning Ungaran | miranti amasang rakit | lojinipun pakewuh langkung santosa ||

3. duk sadalu prapta malih têlikipun | ature tinanggap | èstu badhe pangkat latri | pra dipati kang badhe gitik Malaran ||

4. punggawagung andêling aprang gêgêdhug | Tumênggung Jadirja | Dipati Suryanagari | katigane Mas Rôngga Wirasêtika ||

5. Sunanipun Kabanaran lampah namur | tan langkung kathahnya | saking satus kang turanggi | botên nganggo bandera songsong tan mêgar ||

6. baris agung kang raka ingkang tinuduh | Pangran Diwijaya | Postêr wau duk miyarsi | ragi mongkog kaya bisa ngênakêna ||

7. kopralipun sareyan pinêtik sampun | dèn nêmên ing aprang | yèn olèha Mangkubumi | pasthi ingsun nuli munggah dadi amral ||

8. kopralingsun pan sareyan unggahipun | kapitan lan lutnan | payo nêmên ing ajurit | ngajak mangkat mring Tumênggung Arungbinang ||

9. lon sumaur hèh tuwan paran puniku | tilara Ungaran | emane papan puniki | yèn andika mapag adoh mêsthi kalah ||

Lajêng nyandhak jilid 10.

--- [0] ---

Isinipun

... Kaca

53. Sultan Kabanaran tilar praja, ngungsi dhatêng tanah Sukawati ... 6

54. Anyariyosakên angkatipun utusan ing Surakarta dhatêng Batawi, tuwin paprangan alit-alit ... 23

55. Gupêrnur Hogêndhorêp tuwin utusan ing Surakarta wontên ing Batawi ... 31

56. Gupêrnur Hogêndhorêp kalurugakên dhatêng Bantên ... 37

57. Sawangsulipun saking Batawi, tata-tata awit kuwatos mêngsah têmtu pêpulih ... 43

58. Lêlampahan ing Kêdhu ingkang nyandèkakên Sultan Kabanaran botên saèstu tindak dhatêng Mataram ... 48

59. Pêpêrangan ing Gowong ... 70

60. Pêpêrangan ing Bagêlèn tuwin ing Malaran ... 77