Sastra Jawa

Program Digitalisasi Sastra Daerah

  • Increase font size
  • Default font size
  • Decrease font size

Babad Giyanti, Balai Pustaka, 1937-39, #985 (Jilid 10)

Katalog:Babad Giyanti, Balai Pustaka, 1937-39, #985
Sambung:
1.Babad Giyanti, Balai Pustaka, 1937-39, #985 (Jilid 01). Kisah, Cerita dan Kronikal | Babad Giyanti #1061.
2.Babad Giyanti, Balai Pustaka, 1937-39, #985 (Jilid 02). Kisah, Cerita dan Kronikal | Babad Giyanti #1062.
3.Babad Giyanti, Balai Pustaka, 1937-39, #985 (Jilid 03) . Kisah, Cerita dan Kronikal | Babad Giyanti #1063.
4.Babad Giyanti, Balai Pustaka, 1937-39, #985 (Jilid 04). Kisah, Cerita dan Kronikal | Babad Giyanti #1064.
5.Babad Giyanti, Balai Pustaka, 1937-39, #985 (Jilid 05). Kisah, Cerita dan Kronikal | Babad Giyanti #1065.
6.Babad Giyanti, Balai Pustaka, 1937-39, #985 (Jilid 06) . Kisah, Cerita dan Kronikal | Babad Giyanti #1066.
7.Babad Giyanti, Balai Pustaka, 1937-39, #985 (Jilid 07). Kisah, Cerita dan Kronikal | Babad Giyanti #1067.
8.Babad Giyanti, Balai Pustaka, 1937-39, #985 (Jilid 08) . Kisah, Cerita dan Kronikal | Babad Giyanti #1068.
9.Babad Giyanti, Balai Pustaka, 1937-39, #985 (Jilid 09). Kisah, Cerita dan Kronikal | Babad Giyanti #1069.
10.Babad Giyanti, Balai Pustaka, 1937-39, #985 (Jilid 10). Kisah, Cerita dan Kronikal | Babad Giyanti #1070.
11.Babad Giyanti, Balai Pustaka, 1937-39, #985 (Jilid 11) . Kisah, Cerita dan Kronikal | Babad Giyanti #1071.
12.Babad Giyanti, Balai Pustaka, 1937-39, #985 (Jilid 12). Kisah, Cerita dan Kronikal | Babad Giyanti #1072.
13.Babad Giyanti, Balai Pustaka, 1937-39, #985 (Jilid 13) . Kisah, Cerita dan Kronikal | Babad Giyanti #1073.
14.Babad Giyanti, Balai Pustaka, 1937-39, #985 (Jilid 14) . Kisah, Cerita dan Kronikal | Babad Giyanti #1074.
15.Babad Giyanti, Balai Pustaka, 1937-39, #985 (Jilid 15) . Kisah, Cerita dan Kronikal | Babad Giyanti #1075.
16.Babad Giyanti, Balai Pustaka, 1937-39, #985 (Jilid 16). Kisah, Cerita dan Kronikal | Babad Giyanti #1076.
17.Babad Giyanti, Balai Pustaka, 1937-39, #985 (Jilid 17). Kisah, Cerita dan Kronikal | Babad Giyanti #1077.
18.Babad Giyanti, Balai Pustaka, 1937-39, #985 (Jilid 18). Kisah, Cerita dan Kronikal | Babad Giyanti #1078.
19.Babad Giyanti, Balai Pustaka, 1937-39, #985 (Jilid 19). Kisah, Cerita dan Kronikal | Babad Giyanti #1079.
20.Babad Giyanti, Balai Pustaka, 1937-39, #985 (Jilid 20). Kisah, Cerita dan Kronikal | Babad Giyanti #1080.
21.Babad Giyanti, Balai Pustaka, 1937-39, #985 (Jilid 21). Kisah, Cerita dan Kronikal | Babad Giyanti #1081.

Serie No. 1259i

Babad Giyanti

Anggitanipun Radèn Ngabèi Yasadipura I ing Surakarta.

Jilid 10.

Bale Pustaka - 1938 - Batawi Sèntrêm.

--- [2] ---

Wêwênangipun ingkang ngarang kaayoman miturut anggêr ingkang kapacak ing sêtatsêblad 1912 No. 600.

--- [3] ---

Pêpêrangan ing Bagêlèn tuwin ing Malaran.§ Miturut babon ingkang sumimpên ing Kon. Bat. Gen. v. K. en W.

10. pan puniku Sunan Kabanaranipun | lamun winawrata | rumiyin kalawan mangkin | duk rumiyin pan maksih nama pangeran ||

11. sabinipun Sukawati tigang èwu | duk ambalik anyar | sakèbêr ingkang anggitik | kula tumut lan Dipati Pringgalaya ||

12. pra tumênggung ngiring sakèbêr sapuluh | kumpênine pêthak | pan kawan atus rumiyin | Bugis Bali Makasar sadaya dhomas ||

13. prandenipun kasoran mungsuh puniku | mangke tinimbanga | tikêl rolas lan rumiyin | kadi pundi tuwan sagêde anglawan ||

14. Postêr Bêkus jangan kata ki tumênggung | beta brani lawan | saênggone Mangkubumi | katêmua nadyan ing giri Gothaka ||

15. ki tumênggung sidhakêp maca têngawud | dhuh tuwan kênia | ing ngriki papan prayogi | nadyan silih Mangkubumi dhatêngana ||

16. nglawan pêngkuh tuwan obat mimis agung | sayang tinilara | kudu marani bilahi | wong apêrang tuwan botên ngangge wawrat ||

17. ki tumênggung pinêksa ingajak magut | mapan Mamêlaran | nuruti kapaksa ajrih | lampahira samarga amêlang-mêlang ||

18. ki tumênggung dhêridhit istigparipun | baya wus dilalah | wong iki [i...]

--- 4 ---

[...ki] kudu bilahi | nora kêna binakalan yèn wus dadya ||

19. ala ayu yèn pêpasthèning Hyang Agung | salamêt lan rusak | ing pati kalawan urip | wus takdire wong iki kudu cilaka ||

20. lampahipun mung dragundêr têlung puluh | sèkêt Kumpêni Slam | ki tumênggung wadyanèki | kawan atus ingkang sami kêkapalan ||

21. lampahipun surup rêrêp ing Garantung | ing dalu wong desa | panèkêt atur udani | margi Pamêlaran salèring rêratan ||

22. jurangipun kali sinungan wot sampun | dalu-dalu samya | urut margi nambut kardi | balanipun kang mêngsah kadi samodra ||

23. ki tumênggung mring kapitan alon muwus | kadipundi tuwan | mênggah prayogining pikir | duk praptane puniku Sunan Mataram ||

24. wontên Kêdhu baris Kumpêni kang mêthuk | kang baris Cacaban | Magêlang Watês anunggil | kumpulipun dragundêre wolung dasa ||

25. tigang atus inggih Bali Bugisipun | tumênggung têtiga | nadhahi prang udhèt nguni | pan sinampar ing aprang sami lumampah ||

26. pêjah satus sanyèk Bali Bugisipun | dragundêr kalawan | jalan kaki kang ngêmasi | pitung puluh dènira prang mung sakêdhap ||

27. dhuh tuwanku dawêg bali dèn aruruh | sampun kongsi rusak | dhatêng ing Ungaran aglis | nêdha bantu kintun sêrat dhatêng Têgal ||

28. samia gungipun wong prang kudu mundur | dêstun wong kaparat | balik makètên puniki | sasat masrahakên badan wêwarasan ||

--- 5 ---

29. Postêr muwus jêrèhjirèh. têmên sira iku | wingi wus diwarah | aku wani Mangkubumi | nadyan prajurite sakêthi luwiha ||

30. pamanipun Mangkubumi dhuwur gunung | gawa tumbak dawa | aku nèng ngisoring wukir | pêdhang bae jêr aku brani anglawan ||

31. Ki Tumênggung Arungbinang Hangga lêsu | agung mijêt manah | dene têka ngong mênangi | ing lêlakon kang nora nganggo ukara ||

32. pan sadalu mêrêm mêlik ki tumênggung | langkung susahira | nêdha pitulung Hyang Widdhi | iya ing sapalêngkah jambe kewala ||

33. praptanipun rabine ing Bulupitu | amangsit wis aja | sok kadêrêng duwe pikir | dèn santosa sumendhea karsaning Hyang ||

34. ki tumênggung sumêdhot miyarsanipun | kungkulan ing sabda | putri Bulu gangsal kalih | pamangsite sakêcap langkung watgata ||

35. tan adangu byar rahina ki tumênggung | ambêndhe siyaga | Kumpêni nambur miranti | enjing budhal praptanira Pamêlaran ||

36. pukul pitu trus anata barisipun | kang tugur Malaran | mantri wêwolu wus rakit | patang atus kuda kang tugur Malaran ||

37. dadya têmpur lan balane ki tumênggung | dadya kuda dhomas | punjul dragundêrirèki | tigang dasa lawan upsire sakawan ||

38. tamburipun mungsuhe sampun kêrungu | lèring pambitingan | angèl sawah sarta kali | baris prapta nurut lèr kali angetan ||

39. ki tumênggung mring Postêr alon amuwus | tuwan aja ganas |

--- 6 ---

punika maksih lumaris | dèrèng nabrang kali lawan dèrèng mangsah ||

40. tuwan batur tinata ingkang apatut | dika wontên têngah | kula apit kanan kering | mangke wruha mungsuh ingkang awrat agal ||

41. duk kadulu bandera sêsupitipun | kapal kawan dasa | saragni saruwal abrit | banderane kang katingal gêni rôga ||

42. wingkingipun sawidak kapalanipun | celung tibèng pandhan | panumbak banderanèki | ki tumênggung mêndhêt srat saking saruwal ||

43. sarwi muwus tuwan pangajêng puniku | kang aduwe bala | Dipati Suryanagari | pan puniku Radèn Suwandi duk bocah ||

44. wingkingipun kêkapalan patang puluh | saragni sruwal bang | banderanipun sasupit | asru mojar Ki Tumênggung Arungbinang ||

45. sarwi dulu tulise tuwan puniku | kang duwe gêgaman | tulis kula botên sisip | punggawane Mas Rôngga Wirasêtika ||

46. wingkingipun kuda malih patang puluh | sasupit bandera | ijo ciri sarupa brit | ing wurine panumbak jaran sawidak ||

47. têngranipun sasupit banderanipun | irêng dulphakar bang | ing wuri sarêngan sami | kuda papat rêruntung katri punggawa ||

48. ngajêngipun ampilan kuda nênêlu | karbin lan gandhewa | kang ngampil waos nyatunggil | tumbak dharat magêr sari nyalawe prah ||

49. Postêr muwus pagene lakune iku | pisah lan gêgaman | nora ana dèn tindhihi | anauri Ki Tumênggung Arungbinang ||

--- 7 ---

50. balanipun kang wontên ngajêng puniku | sampun pinilihan | pinêthèt kang bêcik-bêcik | payung putih puniku Suryanagara ||

51. payung wungu kang sèrèt paradanipun | kêmbang pucak pita | jêpèthèr wiyar kaèksi | gih puniku Dyan Rôngga Wirasêtika ||

52. payung biru pucak bang mas kayu apu | inggih Jayadirja | bupati tiga puniki | andêling prang pamunah-munah ing gêlar ||

53. lah puniku ing wuri têbih kadulu | kadi ampak-ampak | worsuh pêpikul wor sapi | yèn dinulu sayêkti gaman arahan ||

54. rajanipun nèng ngriku sok mêndhêm namur | yèn botên mangawat | mindha pacalang dhingini | yata wau mungsuh wus nyabrang sadaya ||

55. pan kadulu wus amapag barisipun | bupati anabrang | ki tumênggung ngikal karbin | sigra wau Kapitan Postêr angucap ||

56. karbin iku kula gene ki tumênggung | dika nyêkêl tumbak | karbin dèn lungakên aglis | ki tumênggung sigra dènnya ngagêm tumbak ||

57. ki tumênggung camêthi ingalih sampun | wau anèng kiwa | ingalih manêngên aglis | manahira ki tumênggung wus karasa ||

58. sigra nambur maju rampak barisipun | mungsuh nambur sarya | bêndhe bèri sarêng muni | awor surak ngawaki katri punggawa ||

59. sarêng nêmpuh nunjang kuda tigang atus | campuh kari tahan | kapitan sarêng ngêdrèli | pinarpêkan mring Tumênggung Jayadirja ||

60. gya pinistul Postêr kêna pasungipun | niba babar pisan | sapatine [sapa...]

--- 8 ---

[...tine] Postêr nuli | dragundêre kuwur rusak ingamukan ||

61. ki tumênggung ginèndèng santananipun | dhuh dawêg lumajar | Kapitan Postêr ngêmasi | duk pinistul mring Tumênggung Jayadirja ||

62. ki tumênggung aririh ing unduripun | dragundêr kèh pêjah | bêlasah tan ana kèri | Bugis Bali siji tan ana kang gêsang ||

63. yata wau ing wuri para tumênggung | kathah kang amêgat | miwah baturing priyayi | baris ura ing wuri arêbut ngarsa ||

64. lorodipun wadyanira kèh katawur | kantun kalih bêlah | kêkapalan kang anunggil | wadyanira Ki Tumênggung Arungbinang ||

65. tan kasusu nabrang kali Jali sampun | kèndêl sami tata | ngrêrangu kang sami kèri | ingantosan ana prapta kidul wetan ||

66. kang lumayu kuda sèkêt wus angumpul | saking lèr kang prapta | inggih wontên sèkêt malih | rungak-rungak salèr kali kèndêlira ||

67. ki tumênggung nguwuh panyanane batur | sirèku dèn anggal | nuli ngumpula mariki | ingkang kinon wau asru saurira ||

68. kula nuwun kônca sami katêlanjur | batur tumênggungan | Brajamusthi Sukawati | pan kumêngpyurkumêpyur. kaliru Ki Arungbinang ||

69. saya wuwuh wong Suryanagaran nusul | wong Kajayadirjan | wong Kêranggan nusul sami | kang kajaba nyatus kang ginawa mangsah ||

70. Ki Tumênggung Arungbinang ririh mlaku | samya tinut wuntat | dèn suraki dèn bêdhili | nulya wontên saking kidul ingkang prapta ||

71. wontên satus [sa...]

--- 9 ---

[...tus] kancane sami katawur | kumpul saking kathah | sapuluh rong puluh nunggil | wus angumpul sawêg kuda kapat bêlah ||

72. lampahipun sakin ririh ki tumênggung | kang nututi samya | prajurit arang prayogi | nadyan kathah senapatine tan ana ||

73. milanipun purun lèrèh lampahipun | pan ing pukul rolas | jawah agêng andhatêngi | kang bêbujung pra sami kèndêl sadaya ||

74. ki tumênggung anêrak jawah lêlaku | kalêbus sadaya | agalêput êndhut sami | pukul papat praptanira ing Ungaran ||

75. samya gugup pra sami gègèr andulu | dene kang anglarag | praptane asalin warni | karusakan Kumpênine tan katingal ||

76. ki tumênggung prapta loji litnan mêthuk | gugup têtabeyan | Tuwan Postêr wontên pundi | anauri Ki Tumênggung Arungbinang ||

77. Postêr lampus tumpês sakumpêninipun | Sunan Kabanaran | mungsuhe kang dèn tadhahi | mila rusak wong anyôngga dede wawrat ||

78. mungsuhipun samangke maksih tut pungkur | litnan sigra ngundhang | kêstabêl sami ngadhêpi | mariyême wau litnan anênurat ||

79. langkung gugup wus dadi tiningkêm sampun | ki tumênggung enggal | surat praptaa ing Têgil | lamun botên katututan ing sarkara ||

--- 10 ---

61. Pêpêrangan ing Ungaran

88. Dhandhanggula

1. lamun botên praptaa tumuli | bantu Kumpêni dika lan kula | sayêkti pasthi rusake | wong karubuhan gunung | dede lawan mêngsah puniki | yèn Pangran Purubaya | Mangkukusumèku | botên susah binantonan | sagêndhinge kula sagah anandhahi | puniki dede sanggan ||

2. yata wau dutanira aglis | bêkta sêrat kang dhatêng Tatêgal | agurawalan lampahe | wau ta kang winuwus | ingkang mêntas amênang jurit | Rôngga Wirasêtika | lan Jayadirjèku | Dipati Suryanagara | wus karêbat biting Pamêlaran gusis | Kumpêni kathah pêjah ||

3. Kapitane Postêr angêmasi | dragundêre tigang dasa bebas | tumpês Kumpêni Islame | dutanira kêpêthuk | Pangran Adiwijaya aglis | katur saaturira | pangran sigra wangsul | prapta ngarsanira nata | katur lamun dutane punggawa katri | yèn biting Pamêlaran ||

4. sampun pêcah ramening ajurit | Kapitane Postêr sampun pêjah | tigang dasa dragundêre | langkung suka sang prabu | binrêkakên lampah ing baris | tan dangu lampahira | sawadya sang prabu | prapta salèr Pamêlaran | wau katri punggawa mêthuk ing gusti | dinangu solahira ||

5. langkung suka miyarsa turnèki | sri narendra wus praptèng Malaran | ing Kayumas pakuwone | balabar wadyanipun |

--- 11 ---

ingkang rayi kêkalih prapti | angsal bandan Walônda | kêkalih wus katur | ing raka sri naranata | Walandane wus kinarya saragêni | Gapatra Hônggaprana ||

6. mundhut rêmbug wau sri bupati | aprakawis loji ing Ungaran | ana pira Walandane | Cakrajaya umatur | amung sangalikur galintir | Islame sangang dasa | mariyême wolu | darebas miwah rontaka | inggih wontên kalih dasa winêtawis | jawine gangsal bêlah ||

7. nanging abdi dalêm kang angusir | dèrèng wangsul kados lajêng ngêpang | Brajamusthi pangiride | lan pun Sura ngun-angun | Jayarata sami nindhihi | pun Goncang Rawing Dêmang | pun Tambak Tênewung | lawan pun Gonggang Galungan | lan pun Kudur Barubuh pun Rajêgwêsi | sagung mantri pangarsa ||

8. wong Pagêlèn kang sami angirid | Sawunggaling lan pun Tambakbaya | pun Wirasraya malihe | pun Ganggêng Jagasatru | lawan pun Pambêrêg pra sami | pun Sangunatajaya | Patra dutanipun | kang sami ngungsir utusan | yèn binanggèl ing margi rame ajurit | purun pun Arungbinang ||

9. Pra dipati pangarsa nulyaglis | kinèn nusul mring kancane samya | sakawan sigra lampahe | nongklang turangganipun | myang adheyan ginêlak sami | prapta sampun mungsuhnya | manjing bitingipun | kinalang saking têbihan | Arungbinang kang kilèn dipun wêdali | tinêmpuh sami giwar ||

10. baris agêng budhalira aglis | saking Kajêngêmas masanggrahan | Sêmawung saha balane | sadalu

--- 12 ---

budhalipun | Pakacangan dèn pasanggrahi | sak lèr loji Ungaran | ragi kilènipun | mêngkêr gêgunung prênahnya | pra dipati barise sampun ngubêngi | kêmput loji Ungaran ||

11. kang angêpung têbihira sami | ing samimis mariyêm tan prapta | andhêndhêng têmu gêlange | jro biting ngêgar payung | sami manjêr bandera sami | Tumênggung Arungbinang | mulat mungsuhipun | kadi pagudhèn anggabag | Litnanipun Bumêndir marêbês mili | mungsuh tanpa wilangan ||

12. ki tumênggung tiningkês tyasnèki | namung cipta sumendhe ing titah | etang pancèning pêpasthèn | urip kalawan lampus | dawa cêndhak pan wus pinasthi | tan kêna binakalan | karsane Hyang Agung | apa gawe kudu susah | hèh sudara mati hidup sudah pasthi | sampun andika susah ||

13. balik sampun katon kêcil ati | kula tuwan wani mêtonana | kang kulon kula gitike | kang duwe baris iku | wong Pagêlèn pangeran kalih | pan kula botên ulap | wruh ing bobotipun | dudu wong Pajang Mataram | litnan angling lah sudara kadipundi | makotên karsa dika ||

14. botên bêcik bok rusak sirèki | kula tuwan botên bêkta dharat | susunane adoh gone | Kapitan Bandhêm muwus | ki tumênggung sampun mêtoni | eman prang kula pyambak | ing prang rêmak-rêmpu | sarênga lawan pun bapa | miwamiwah. Litnan Samsudin sami gendholi | bok sampun tuwan mêdal ||

15. sumanunu kang sampun kawingking |

--- 13 ---

katêlanjur tan kêna ingucap | ing mangke wajib yitnane | nging wau ki tumênggung | ing tyasira kudu mêdali | dangu diya-diniya | sinaput ing surup | bubar sagunging gêgaman | amakuwon enjinge baris miranti | budhale gustinira ||

16. saking Pakacangan nabrang kali | dadya baris tan wontên angêpang | kadya jajari lampahe | dadya ngalun gumulung | kadya robing kang jalanidhi | wong ing jro pabitingan | padha ting palinguk | tikêl satus lagi nora | tikêl sèwu pan ora ngundha ngusuki | arang kang kolu mangan ||

17. ki tumênggung marang litnan angling | luwih kathah puniki gêgaman | kula sawang sayêktine | ingkang ngajêngan wau | mung bandera wolu pêmati | kawan atus watara | prajurite wau | punika kang sampun dadya | wus apêkêt katawis ing lampahnèki | dene kang kathah-kathah ||

18. pintên-pintên bandera puniki | prajurite kang ewon punika | taksih riyon tanagane | kang wus mantêp ing tangguh | pangulige kang sampun dadi | kawan atus ing ngarsa | wuri wontên satus | mangke yèn ratune têbah | gih mingkisa ing tingkah saking sakêdhik | sampun ngênthêl kêwala ||

19. kapal satus kang binêkta mijil | mêdal ngilèn kalingan ing karang | sampun têbih narpatine | ing wuri kang tinêmpuh | duk tinugêl baris lumaris | kagum kang binêdhilan | rame ulêngipun | baris kang wuri uninga | lamun Arungbinang galak wani mijil | mapag kang pra dipatya ||

--- 14 ---

20. ingkang sampun kaliwat anolih | sarêng mangsah wuri lawan ngarsa | campuh gumuruh bêdhile | kasêlut ngalor ngidul | ki tumênggung mundur aririh | mungsuh angungsir samya | marang ki tumênggung | mêngsah lagi suranira | ki tumênggung wus cêlak kalawan biting | mudhun sabalanira ||

21. nulya Kumpêni nulungi bêdhil | mariyême muni asauran | lir gêlap sasra swarane | rame surak gumuruh | wong jro biting mriyême muni | turôngga sami kêna | mungsuh sami kagum | bubar buyar ting salêbar | Sunan Kabanaran lampahira prapti | winong amasanggrahan ||

22. enjingira têdhak sri bupati | ingundhangan sagunging dipatya | ngumpulna sagêgamane | sagung prajuritipun | sami kinèn tilar turanggi | têngara asauran | pasanggrahan agung | dalême Ki Arungbinang | ingênggènan gumuruh têngara bèri | tambur bêndhe sauran ||

23. kêndhang gong barung lawan saruni | budhal gêgaman ingkang pangarsa | pra dipati samantrine | ingkang mantri panganjur | sampun prapta sakidul biting | elur agêgulungan | kadya lun gumulung | sajêmbaring ngara-ara | wus kèbêkan gêgamane pra dipati | kilèn kalawan wetan ||

24. kidul bênêr prajurit jro sami | tinon kadya wana tumaruna | kinêmbang-kêmbang abyore | limut yayah kalimut | wau ingkang sajroning biting | miranti wus prayitna | lir garêbêg Mulud | pasang rakitkingrakiting. gêgaman | sarwi dulu sami mangu-mangun wingwrin | anon [ano...]

--- 15 ---

[...n] ulating mêngsah ||

25. kang kêrasa kêdhik rowangnèki | siji sèwu pan maksih karoban | mung kang dadi santosane | kanthi mariyêm wolu | lan rontaka salawe maksih | têlung puluh dêrebasdarebas. | obat mimis agung | yèku kang karya santosa | ing tyasira sumendhe titahing Widdhi | têtêping kang wardaya ||

26. wau senapatining kang baris | Susunanipun ing Kabanaran | prapta jênêngi wadyane | asru timbalanipun | hèh sagunging kang pra dipati | jajalên paranana | iya loji iku | gêrubyugên barêng mara | ingsun arêp wêruh pêpolahe mangkin | wong jro loji yudanya ||

27. sigra mangsah sagung pra dipati | amartiga wong jro dadi dhadha | wong jaba kanan kerine | têngara bèri tambur | kêndhang gonge bèri saruni | kukuk surak gumêrah | sarêng angsahipun | dhêdhêp wong jro biting samya | anon mungsuh untabe kagiri-giri | bandera pira-pira ||

28. dupi cêlak mariyême muni | kadya gêlap sèwu asauran | rontaka lan darebase | kang dêrês ungêlipun | mariyême agêgêdhugi | akèh bandera rampas | tumbak kang rumapyuk | kêna mimis ing rontaka | lan darebas ngantêp muni sadayèki | gumludhug ing ngawiyat ||

29. sri narendra awas aningali | wus têtela mungsuh solahira | parentah angundurake | gandhèk sami lumayu | andhawuhi sagung prajurit | mundur baris sadaya | anêbih gyanipun |

--- 16 ---

mung kantun kang pra dipatya | taksih ngantun pra samya dipun songsongi | tan obah binêdhilan ||

30. apan sami pinêthuk turanggi | sabab ratune wus nitih kuda | mila sagung punggawane | samya nitih kuda wus | dèn sipati mariyêm sami | sêsirig pra dipatya | sinongsongan mundur | pra dipati kawan wêlas | samya nitih ngandikan para dipati | aglar ngarsa narendra ||

31. pêparentah wau sri bupati | uwis nora kêna binadhagal | angrusakkên ing wong akèh | tamban aja agugup | ing sapasar sapuluh wêngi | lan padha agawea | lulumbungan iku | lan pacul linggis sadaya | iki beda lan loji Juwana dhingin | akêdhik wonge Jawa ||

32. balik padha narubna wong cilik | dimèn rata sa-Pagêlèn ômba | kang bumi jaba sakèhe | adhimas karo iku | lan kancane kang pra dipati | bumi gêdhong kaparak | bae kang sun pundhut | bumi Pagêlèn rong lêksa | lan nêm èwu ingkang salêksa wong siji | adhimas Purabaya ||

33. dene ingkang pitung èwu nênggih | ya Si Adhimas Mangkukusuma | ingkang limang èwu manèh | mring pra dipatinipun | kari patang èwu sun ambil | mring wong jêro sadaya | kaparagkaparak. gonipun | si Roma iku wutuha | wolung atus sèwu Tuwaburu nênggih | siji ingsun priyôngga ||

34. kunêng ingkang kawuwusa malih | ingkang baris wontên ing Mataram | linorod senapatine | Pangran Buminatèku |

--- 17 ---

angêlunyat abêr ing jurit | wong cilik kang ginarap | kabèh nora tutut | tan ana kang tinêmua | mundhak ngêbot-êboti marang wong cilik | pinanggil mring Sêmarang ||

35. nèng Sêmarang linajêngkên aglis | mulih marang nagri Surakarta | lara luru tanpa gawe | ing Samarang winuwus | ngumpulakên sagung Kumpêni | ing pasisir bang wetan | kinêrigkên sampun | ing Gêmbong lan Surapringga | pun Kapitan Uce sabalane prapti | nagari ing Samarang ||

36. Mayor Kalèrêk badhe lumaris | wus binêktan Kumpêni akathah | dragundêr Kapitan Uce | Kumpêninipun satus | kalawan limalas turanggi | usare wolung dasa | punjule pêpitu | satus rong puluh sadaya | jalan kaki tiktak wolu mriyêm kalih | jalan kaki rumêksa ||

37. lawan malih dragundêr kang miji | sakapitan nênggih kawan dasa | lawan usar litnan dhewe | pan amung têlung puluh | lan lêlima mantêpirèki | manjing Kumpêni pêthak | nênggih kawan atus | nêm atus Kumpêni Islam | dadya sèwu budhale saking Samawis | lan sagung parasmara ||

89. Asmaradana

1. Kumpêni Slam kang nindhihi | anênggih Dhaèng Margêpak | kalawan Dhaèng Ponggole | kalawan Kapitan Timpak | lan Kapitan Tuwangah | miwah Kapitan Dul Sukur | lawan Kapitan Tanah Bang ||

2. angkate saking Samawis | mantri pasisir urunan | miwah mantri Bahrawane | kalangkung angangah-angah |

--- 18 ---

Mayor Kalèrêk sura | têkabur balane agung | bêcik-bêcik pêpilihan ||

3. pra dipati Kêdhu sami | kang ngili anèng Bahrawa | dhinawuhan parentahe | mring dêlèr kinèn tumuta | kalèrêk sabalanya | sapraptanira ing Kêdhu | anata balane Sêcang ||

4. angantosi pra dipati | angêrig sikêp sadaya | kang ambêkta rêmbatane | ki tumênggung ing Banyumas | sampun tiniban surat | kinèn siyaga wadyagung | kang badhe sami binêkta ||

5. kunêng kang winuwus malih | ing Pagêlèn ramening prang | Natèng Kabanaran mangke | karya pasanggrahan nêba | dènnya nindhihi wadya | ngara jêmbar ênggènipun | masanggrahan ratunira ||

6. kèbêkan sagunging baris | sajêmbare ngara-ara | balabar lir samodra rob | pakuwon kang pra dipatya | gênggêng gabag asinang | ngangsahkên prajuritipun | samya bêkta lêlumbungan ||

7. gumuruh surake sami | têngara bêndhe atusan | tambur bèri carabalèn | kang ngangsêg nèng lêlumbungan | cara undhuking macan | kang cêlak sinipat gupuh | ing mariyêm ting jêngkelang ||

8. lambungan kathah kang kêni | tan pikantuk aprangira | dinarebas kêna amoh | kang ana jroning lumbungan | kathah kang kêna pêjah | mangkana umangsah dalu | wontên pakantuking aprang ||

9. kang anggawa pacul linggis | anèng wurining lumbungan | wus sami akarya êsong | nanging dèrèng sagêd nyêlak | akathah kedahira |

--- 19 ---

kang biting pangabaripun | ngrutug rontaka darebas ||

10. abyor pancurating mimis | wong ing jaba kang pangarsa | bêdhilan tan antuk gone | tan ana kang karompolan | rame abêbêdhilan | ing jro kadi gunung guntur | kadi drês mariyêmira ||

11. wiwit rêp dènira jurit | têngah dalu kèndêlira | wanci bangun wong jro miyos | dutane Kyai Rung Binang | nukup kang pojok têbah | wêkasane baris agung | kidul wetan prênahira ||

12. wong mêntas sayah ajurit | ginarudug bêdhilira | kagèt sami ting galêmbor | lumayu tilar dandanan | binêskup wus dèn rayah | gègèr mangilèn angêlun | yèn Tumênggung Arungbinang ||

13. anukup baris paminggir | kônca kula kathah pêjah | sangkin anêngah gègère | barise kang pra dipatya | gugup nambur wurahan | loking kathah kang nênukup | Ki Tumênggung Arungbinang ||

14. bupati sami nulungi | pinêgat ing antukira | watawis kalih bêlahe | langkunga botên akathah | tiga kang nitih kapal | tinututan tan lumayu | kabèh tan gawa bandhangan ||

15. sabarisan agêng sami | maratani gègèrira | wus katur marang ratune | pra dipati ingandikan | pêpakira sarêng byar | aglar ngarsanira prabu | alon dènira ngandika ||

16. hèh sakèhe pra dipati | mangkya kangmas ari êmas | padha aranana kabèh | Si Tumênggung Arungbinang | ya kalêbu wong apa | mêngkono kuwanènipun | mas rôngga

--- 20 ---

matur tur sêmbah ||

17. èstu lamun anglangkungi | kapurunane punika | sèwu satunggil wantêre | tyang karêbahan arga |Kurang satu suku kata: tyang karêbahan ing arga. tyasipun botên gêmpal | Suryanagara umatur | nuwun yèn mênggah kawula ||

18. tiyang sagêd anglangkungi | gêlare ingangge watak | aling-alingan mantêpe | dora yèn botên gêmpala | wong mungsuh dede timbang | asagêd panganggenipun | nambungi Pangran Purbaya ||

19. hèh adhi Suryanagari | sayêkti Si Arungbinang | kaliwat saking wantêre | angluwihi sanagara | lawan bêdhile ika | sok ucula nora luput | mila ngong kapunthal-punthal ||

20. ana wong karaman dhingin | madêg nata Damarwulan | pindho karaman Mas Anggèr | karone mêntas atapa | aprang lan Arungbinang | karo binêdhil tan luput | mati dening Arungbinang ||

21. gumujêng sri narapati | tan bisa bênêri ingwang | pan kabèh padha bênêre | hèh Tumênggung Sindusêtra | sira gawea layang | parêngganing layangingsun | kang dhawuh Si Arungbinang ||

22. purwanên pasaja mami | têngahna kang kamandaka | wêkasan pasaja manèh | Ki Tumênggung Sindusêtra | matur nuwun lêpiyan | ya sarèhna mêngko dalu | ingsun agawe lêpiyan ||

23. hèh Tumênggung Brajamusthi | mêngko bêngi nênukupa | iya biting pangabare | mungsuh ika bubrahana | sagung kang pra dipatya | urunan milu nênukup | ing bakda ngisa kewala ||

24. sabên rêp maguta

--- 21 ---

jurit | ing mêngko padha mênênga | ing aprang tambuh karêpe | wus samêkta sarêng mangkat | kang nambuhi ngayuda | kêdhik mung wong kawan atus | nênamur lampah rumangkang ||

25. Brajamusthi kang angirid | jroning biting katambuhan | ana ingkang amiraos | dingarèn ora na mêngsah | iki wus bakda ngisa | sabêne barêng rêp magut | iki kongsi bakda ngisa ||

26. Brajamusthi wus angrampit | jabaning biting pangabar | kang têngga biting kèh dhodhok | pra sami angungak-ungak | kumrêsêk iku apa | marani arsa dinulu | sigra nulya sinanjata ||

27. saryalok pating barêngkik | gègèr pan sampun kunggahan | kang lumayu ting balosor | ing loji dhêdhêp kewala | tan arsa sinanjata | bok kaliru padha batur | dene pêtênge kaliwat ||

28. pangabar dèn obrak-abrik | gusis kang tunggu pangabar | ana wong kang nora anglèng | ing wêweka nora bisa | pangrasane wus mênang | adat wong mênang prangipun | apratôndha ngobong omah ||

29. sarêng mulad ingkang gêni | kang anukup katingalan | mariyêm sapulêbune | sinusun rontakanira | gundam akèh kang kêna | palayune numbuk-numbuk | kang anusul datan kêndhat ||

30. sinapu lêbu tinapis | saparane tinututan | akèh tinggal gêgamane | tumbak bêdhile balasah | Tumênggung Arungbinang | ngêdhuni bandhangan gupuh | akathah bêdhil lan tumbak ||

31. nora nana tumbak bêsi |

--- 22 ---

tumbak parunggu akathah | pratôndha yèn prajurit jro | mariyêm dèrèng kèndêla | lir rêbahing prabata | mungsuh mawure kasusu | nêbih saking gêni mulad ||

32. gusise kang nukup sami | tanggal ping sangalas Bêsar | nulya mêdal kang sasine | Litnan Bumêndir lingira | sudara batur dika | kang wontên jawi puniku | kabèh sami lumêbua ||

33. sampun amalang atèni | lan biting dika pangabar | andika rusak dèn age | sigra nulya binubrahan | sampun katingal nglela | pakantuk mariyêmipun | mangkana mungsuh umangsah ||

34. gumêrah amasang sami | ingkang biting lêlumbungan | mriyêm tan kêndhat unine | gumaludhug kadi gêlap | prakêmpa bumi molah | sadalu pating jalêgur | sarêng byar ing kèndêlira ||

35. kunêng sêrate Sang Aji | Pangêndhagan Wirawôngsa | Samalangu panèkête | punika ingkang ambêkta | amor manjing bitingan | dhawuh marang ki tumênggung | tinampan têmbunging surat ||

36. pèngêt iki layang mami | Narapati Kabanaran | senapati ing palugon | kang andon ngasmarèng laga | wiyose suratingwang | kang dhawuh marang sirèku | ya Tumênggung Arungbinang ||

37. iya praptaningsun iki | angatêr yayi Purbaya | nanging sun iki kasupèn | nora wèh wêruh ing sira | yêkti apuranira | dene ta mêngko tumênggung | sun arsa têmu lan sira ||

38. supaya iya sirèki | tumênggung mugi kênaa | ngopèni pakaryaningong |

--- 23 ---

tuntun-tinuntun wicara | sangking ngingêksin ingwang | sira kilap apa amung | wong Sukawati kewala ||

39. iya awakingsun iki | yèn jagoa jago tanah | durung ana bêbotohe | nadyan gitike sêrua | yèn botoh tan candhakan | nora bobot ing tohipun | yèn olèh botoh santosa ||

40. bisa mrênahkên gêgitik | pasthi nyandhak toh koyanan | iya kilap apa kowe | tumênggung mring awak ingwang | awit wong dèn sikara | iya Dhirèktur pan Emup | kang nganiaya maringwang ||

41. pan sira padha ngawruhi | lakone sariraningwang | hèh tumênggung kapindhone | yèn kêrisa awak ingwang | dhapur tangguhe nyata | wus lawas kelangan lambung | kêris rêga kapat bêlah ||

42. ana nglambungi balantik | ajine mung patang reyal | lumrah ing balantik kabèh | sêtun mundhut patang reyal | tumênggung lamun sira | nyêngkêlita awak ingsun | mulih rêga kapat bêlah ||

43. kang sêrat dèrèng dumugi | ki tumênggung anggraita | yèn layang dudu wadine | Susunan ing Kabanaran | julig datanpa sama | ulah ngrêpa ulah nganyut | bisa mêdhotakên manah ||

44. yèn wonge tèmbèr kang nampi | sêrat Sunan Kabanaran | sayêkti atine runtoh | yèn mungguh ing Arungbinang | yêkti sarta mujadah | yèn amrih aja kalayu | sapatute tinimbangan ||

45. mring caraka angling ririh |

--- 24 ---

kula sampun têlung dina | ragi murus wêtêngingong | sakêdhap kula ing jamban | mangke malih winaca | ki tumênggung praptanipun | ing jamban mêndhêt bêrambang ||

46. apan ora bisa ngising | prêlune mêndhêt bêrambang | sabungkul kinuwik age | sampun binuntêl saptangan | wangsul malih alênggah | nutugkên pamaosipun | kang sêrat Natèng Banaran ||

47. hèh tumênggung lawan malih | lamun sira kalakona | atêmu lan jênêngingong | kalêthêke tyas manira | sun lahirkên mring sira | iya besuk nadaringsun | nama Dipati Môndraka ||

48. lamun sira tan marêngi | nama Dipati Môndraka | Dipati Magada rane | lamun tan sênêng Magada | Adipati Urawan | lamun ra sênêng puniku | Dipati Natanagara ||

49. lawan iya sun lungguhi | lungguh pêpatih salêksa | kang dadia kaliwone | têngêne iya si rôngga | kiwa Suryanagara | tanpa titi suratipun | mung corèk malang sakawan ||

50. ki tumênggung nulya aglis | sêrat pinêtêk ngêmbunan | ping tiga wola-waline | sampuning ngaras ping tiga | anulya sinungkêman | ki tumênggung andhakukul | netra tinutup saptangan ||

51. jatine bêrambangnèki | kang linêbêtakên netra | sigra darodos waspane | têlês usap tanganira | kinarya nambak waspa | api-api sênggruk-sênggruk | Ki Tumênggung Arungbinang ||

52. dutanira duk ningali | Pangêndhagan Wirawôngsa | pan milu luntur waspane | aningali

--- 25 ---

solahira | Tumênggung Arungbinang | pan kadya nangis satuhu | nora môntra sêsênggrangan ||

53. wus kèndêl dènira nangis | Ki Tumênggung Arungbinang | wicantên marang dutane | dika antosi sakêdhap | kula damêl wangsulan | dika mangkat mangke dalu | aja katawis gambuhnya ||

90. Gambuh

1. sigra kyai tumênggung | anênurat srat badhe wêwangsul | langkung dene pamète la-êlanèki | mrih onêng mangonêngipun | riga sumbagèng palugon ||

2. tur pêjah gêsangipun | inggih abdi dalêm pun Tumênggung | Arungbinang dahat kamipurun gusti | dene ngaturi wêwangsul | dhatêng ing paduka katong ||

3. langkung sèwu pangungun | tan supêna inggih pun tumênggung | kadhawuhan timbalan munggèng kintèki | aprasasat laelatul | kadi nugraha kang dhawoh ||

4. gusti lan malihipun | karsa nimbali ing dasihipun | êtyar langkung pun patik tadhah rêruntik | dahat pêjah gêsang katur | sumôngga ing karsa katong ||

5. witning langkung wulangun | yèn kêparênga tibaning wêktu | ing sêrana dèn awrat yêkti amusthi | sapunika langkung nuwun | dêduka paduka katong ||

6. dene kapalangipun | sawêg tinuduh ayahanipun | ingkang putra prabu ing Surakartèki | kinèn among wadyanipun | Kumpêni tur pinapacoh ||

7. yèn tilara pukulun | jroning ngalaga ning kandhanipun | yêkti najis kang abdi sawuri-wuri | langkung pitajêng pukulun | jêng putra paduka

--- 26 ---

katong ||

8. ing rèh pamonging mungsuh | dene yèn èstu karsa pukulun | ngabdèkakên pun patik anuwun runtik | tuwan tumpêsa prang pupuh | Kumpêni ingkang kula mong ||

9. kula manggih pukulun | apuntên dalêm botên linampus | nuntên inggih kabandhang madyaning jurit | makatên parênging wêktu | tanpa cacad ngalih ênggon ||

10. kula wit abdi jagul | kinarsakakên nama tumênggung | swargi raka paduka sri narapati | samangkya pan linastantun | ing putra paduka katong ||

11. ènthènga awratipun | dene putra dalêm sang aprabu | kang dêduka yêkti tuwan nyêrêng runtik | jêr tuwan inggih kang sêpuh | hèh si Pagêlèn mangkono ||

12. napa wêwalêsipun | ya maring swargi jêng raka prabu | dene iya dhèwèke awit wong cilik | dêstun têlotoking wêdhus | ing anggêpe kaya sato ||

13. tan ana antêpipun | iyèku marang ing anak prabu | mung punika gusti kang kula kêliri | panjênêngan dalêm sêpuh | kang sayêkti anênutoh ||

14. amung punika katur | inggih abdi dalêm pun tumênggung | tansah nuwun dêduka inggih pun patik | sinungakên dutanipun | angkate dalu amomor ||

15. ing marga tan winuwus | dalu praptane pakuwonipun | ing enjinge sowan ing pakuwon aji | aglar kang para tumênggung | ing ngarsanira sang katong ||

16. praptane dutanipun | Pangêndhagan gih Wirawangsèku | surat katur

--- 27 ---

pinundhut ing sri bupati | tinupiksa duta matur | pukulun inggih sang katong ||

17. abdi dalêm pukulun | pun Arungbinang sasampunipun | maos sêrat sumungkêm lajêng anangis | dangu dènnya sênggruk-sênggruk | mèsêm ngandika sang katong ||

18. mêngkono si tumênggung | duwe pangrasa nulya sang prabu | ingarsakkên sêrat winaos tumuli | kadriya raosing têmbung | jêngêr surat munggèng pangkon ||

19. kang raka dèrèng rawuh | miwah kang rayi sakalihipun | inginggalkên wus prapta santana katri | sêrat inguncalkên sampun | sarwi ngandika sang katong ||

20. kang mas suwawi ngriku | sampeyan tingali sêratipun | pun Tumênggung Arungbinang angangsuli | Pangran Adiwijayèku | nyandhak srat lajêng winaos ||

21. maos lajêng gumuyu | sawusnya tamat nguncalkên gupuh | mring kang rayi Pangeran Purubayèki | wusnya ingkang rayi sinung | Mangkukusuma amaos ||

22. lajêng pra punggawagung | Mas Rôngga sarêng pamaosipun | lan Dipati Suryanagara wus dening | nulya wau Ki Tumênggung | Jayadirja ingkang maos ||

23. sawusnya pra tumênggung | ingkang sawêlas sarwi andulu | Pangran Adiwijaya lon aturnèki | marang kang rayi sang prabu | kula puniki sang katong ||

24. yèn wontên lêmbat-lêmbut | botên kadugi gih milu-milu | rayi dika Rôngga lan Suryanagari | kintên kula mung puniku | ingkang lêmbut dika taros ||

25. ngandika sang aprabu | payo

--- 28 ---

pikirên karo sirèku | paran iya batine karêpirèki | Arungbinang si tumênggung | iya ature mêngkono ||

26. sigra dènnya wotsantun | Dipati Suryanagara matur | pan punika dora sêca aturnèki | kanisthan tuwan pukulun | sakêdhik kang dipun gêpok ||

27. dèn wastanana tuhu | inggih satuhu trus manahipun | dèn anggêpa dora lan dora sayêkti | mênggaha besan pukulun | tan nêdha têtukon abot ||

28. nanging ta awratipun | kang pantês lawan ingkang tinuku | botên ngadi-adi nanging ngadi-adi | wong duwe dagangan iku | angon mangsane pêpayon ||

29. pun Arungbinangipun | inggih ginantung ing manahipun | inggih têmên lamun paduka nêmêni | yèn dora karsa pukun |Kurang satu suku kata: yèn dora karsa pukulun. inggih tinimbangan goroh ||

30. wau panyênthokipun | kanisthan dalêm kang dipun dumuk | abdi dalêm pun Arungbinang puniki | yèn ènthènga wawratipun | kang kula jrihi ing batos ||

31. dene kang putra prabu | ing Surakarta inggih tyas ulun | inggih ingkang panjênêngan sri bupati | natèng Kabanaran tuhu | ajrih kawula sayêktos ||

32. mendah si dukanipun | Si Arungbinang dudu tumênggung | pan dhèwèke wong cilik mula pakathik | jinunjung mring kakang prabu | kinarya punggawa bobot ||

33. mangke pratingkahipun | ènthèng bobote mring anak prabu | ora patut si Pagêlèn jêjêmbêri |

--- 29 ---

bilih makatên pukulun | dêduka dalêm kang dhawoh ||

34. jêr tuwan warisipun | gêgênti bapa ingkang satuhu | trusing ngukum molah kang botên gumingsir | Mas Rôngga gumujêng matur | Arungbinang sagêd ngonthol ||

35. gumêr kang pra tumênggung | para pangeran sami gumuyu | Arungbinang gumarêmêt marêpêki | prak ati dènnya têrunul | yèn parêk nuli angonthol ||

36. ngandika sang aprabu | ya wis ta Si Arungbinang iku | sun turuti panuwune maring mami | yèn ugi ana pitulung | ing suksma bisa kalakon ||

37. tumpês Kumpêninipun | Si Arungbinang aja ru-aru | niyat ingsun iya sun kanthi sayêkti | wong wantêr pintêr puniku | arang wong kaya mangkono ||

38. dhi Suryanagarèku | ana ambune sakêdhik iku | pintêr wantêr kang lumrah salah sawiji | lamun ta wantêr wong iku | sayêkti pintêre kalong ||

39. yèn pintêr adatipun | kalong wantêre adat wong iku | Arungbinang iki karo dèn ênggoni | apintêr wantêr satuhu | payo rupêkên kang mungsoh ||

40. padha mangsah adalu | biting lumbungan angsahna dalu | tindhihana Si Tumênggung Brajamusthi | dèn padha ngungkih prangipun | angrupêka agawe song ||

41. sigra kang pra tumênggung | samya ngumpulkên prajuritipun | mêmilihi kang ingangsahakên bêngi | atêngara bèri sampun | gumrah tambur bêrêk kêbo ||

91. Durma

1. sarêng mangsah pra dipati kawan wêlas |

--- 30 ---

ngirid ingkang prajurit | dalu dènnya mangsah | kêndhang gong bêndhe surak | angrok prang ngamuk mangungkih | rampak mangrêmpak | gumriwis dèn bêdhili ||

2. kadya guntur gumuntur sèwu prabata | mariyêm wanti-wanti | rontaka darebas | ubrêsaning ayuda | ngangsêg anêsêg ing jurit | nyêmut kêrangrang | tan kandhêg ngêsong sami ||

3. sabên dalu mundhak-mundhak parêkira | prajurit ing Matawis | kumrêsêg tandangnya | marêpêk kadya rayap | giris wadya jroning biting | mulat ing mêngsah | angsêge pêndhak bêngi ||

4. sampun angsal parêk tigang dasa cêngkal | yèn dalu kang saragni | Walandi sadaya | pun Dêmang Imajaya | Dêmang Côndrajaya sami | minggah bitingnya | nguwuh-uwuh Walandi ||

5. Hônggapatra Hônggasrana sru nguwuhnya | Walônda jro nauri | lan Walônda jaba | kang sami nama dêmang | saur-sinauran sami | mariyêmira | tan anggop siyang latri ||

6. pêndhak malih ajune wadya Mataram | watawis parêknèki | pan limalas cêngkal | Tumênggung Arungbinang | pantês gêmpala tyasnèki | lamun sinawang | mungsuh datanpa wilis ||

7. parandene Ki Tumênggung Arungbinang | mila ing tyas tan miris | wus pasrah ing suksma | pagut ing kasdunira | mawantah ing takrul takyin | mungsuh alêksan | ing ciptanira sami ||

8. lawan mungsuh kang têlung atus kewala | ing tekad tan kaèksi | apan kodrating Hyang | ing batin kang kacipta | wong satus mungsuh sakêthi | kagunganing [ka...]

--- 31 ---

[...gunganing] Hyang | lara kalawan pati ||

9. ing laire Ki Tumênggung Arungbinang | èngêt ingkang kapusthi | ujaring wirayat | ing wêca lawan jôngka | wong minulyakkên ing Widdhi | ingkang ajôngka | waskitha tyase sidik ||

10. lamun ana prang gêdhe Pagêlèn benjang | singa kang mapan dhingin | ing desa Ungaran | sayêkti yèn santosa | ana pitulung Hyang Widdhi | jitus mungsuhnya | norasor ing ajurit ||

11. kadya gêrah gumulung ing ombagombak. bangkat | prajurit ing Matawis | surake wurahan | wor mriyêm swaranira | pancurating obat mimis | gunging sanjata | saengga udan gêni ||

12. pra dipati samya ngawaki ngayuda | ngirid ingkang prajurit | kadya singa nabda | galak amôngsa sarpa | kadya rugrug sasra ardi | swaraning surak | amor kêndhang gong bèri ||

13. bêndhe wontên tigang atus sarêng munya | kapyarsa anglangêni | cara balèn kadya | gêgêdhug amor swara | bèri satus gêgirisi | kadya dhawuhan | ing kali satus banjir ||

14. katingalan Ki Tumênggung Arungbinang | polahe mobat-mabit | ambênêrkên samya | mriyêm lawan darebas | rontaka tan kandhêg muni | lir giri bêntar | mriyêm awanti-wanti ||

15. katingalan dening punggawaning mêngsah | ika kang wira-wiri | grim ijo rasukan | Tumênggung Arungbinang | solahira amêdèni | kaya wong nora | mambu canthèl ing batin ||

16. sarêng mundur punggawa wêwadul samya | marang ratunirèki |

--- 32 ---

yèn pun Arungbinang | solah tingkahing yuda | botên mambêt canthèl batin | pinarpêkana | yêkti ambilaèni ||

17. kados komadaka dhatêng padukèndra | mangkana sri bupati | natèng Kabanaran | supe ing kasarjanan | sigra dènnya paring tulis | Ki Wirawôngsa | sampun mêsat tinuding ||

18. momor manjing loji kinawongkên samya | nèng pondhok sampun panggih | nèng pajaganira | Tumênggung Arungbinang | sêrat sampun dèn tampani | gya tinupiksa | bêbukaning kang tulis ||

19. hèh tumênggung apa sira komadaka | aturira ing mami | dene polahira | ing aprang nora môntra | yèn uwis coroking batin | kagila-gila | panêmênmu ing jurit ||

20. kabèh bae dêdukaningsun ing sira | titi tamat kang tulis | dêduka ginarba | sêrat wus winangsulan | kang caraka amit mijil | lampahe prapta | ing pasanggrahan aji ||

21. sêrat katur kinarsakakên kawaca | katur kang pangabêkti | lawan pêjah gêsang | inggih abdi paduka | pun tumênggung sampun tampi | sêrat dêduka | gusti langkung mrinani ||

22. abdi dalêm pun Tumênggung Arungbinang | langkung anuwun runtik | pangraos kawula | pan inggih kalêrêsan | yèn kêmbaa ing ajurit | yêkti katingal | mêngsah dalêm udani ||

23. botên wande dipun mariyêm kawula | sayêkti dèn urugi | kula ing darebas | môngsa sagêda gêsang | tan adarbe atur malih | namung sumôngga |

--- 33 ---

ing sakarsaning gusti ||

24. pra dipati sinungan maos sadaya | ngandika sri bupati | paran kono padha | Dipati Suryapraja | umatur saha wotsari | mênggah punika | pangraose kang abdi ||

25. kadi lêrês pun Tumênggung Arungbinang | yèn talompe ing jurit | owaha ing tingkah | sayêkti kawanguran | inggih adating Kumpêni | langkung waspada | ing rèh owahing batin ||

26. ya ta wau mituhu ing aturira | angawon sri bupati | iya bênêr sira | adhi Suryanagara | Si Arungbinang nastiti | tukang wêweka | talatèn ngati-ati ||

62. Pêpêrangan ing Ambal tuwin ing Jênar

27. kawuwusa mayor kalèrêk lampahnya | kang bantu ing ngajurit | saking Kêdhu budhal | jog Pamrêdèn kang lampah | Sigaluh gih sampun prapti | kang ngiring lampah | Kêdhu tumênggung kalih ||

28. Ki Tumênggung Natayuda Wiradigda | sapanêkar pra mantri | Tumênggung Banyumas | mêpêk panêkarira | busana kaprabon jurit | Pamrêdèn Banjar | ing Ngayah lan ing Pasir ||

29. rong môngsa wontêne kang tumut Banyumas | dhaya luhur miranti | Kalibêbêr samya | lêlêdhok wus samêkta | wus anèng Pamrêdèn sami | jagul kêrigan | miwah ingkang prajurit ||

--- 34 ---

30. wau Mayor Kalèrêk Pamrêdèn prapta | wus sami apêpanggih | Tumênggung Banyumas | sakancane sadaya | gangsal èwu winitawis | malah langkunga | sagung prajurit Jawi ||

31. gangsal atus sagunging Kumpêni pêthak | dhomas kang Bali Bugis | Kêdhu punggawanya | kalih tumênggungira | prajurit sapara mantri | sèwu sadaya | rêrêmbate kajawi ||

32. sampun dadi kang rinêmbag sigra budhal | saking Pamrêdèn enjing | Tumênggung Banyumas | sakancane nèng ngarsa | têngah prajurit Kumpêni | kang munggèng wuntat | Kêdhu Tumênggung kalih ||

33. kadya alun gumulung angombak bangkat | angro lampahing baris | lir banawi bêna | gamêng sinang bêranang | ngêndhanu baris Kumpêni | ing tanah Roma | wanasigra wus prapti ||

34. pan sadalu enjinge têngara budhal | kumrab sagunging baris | pirang-pirang papan | sajêmbaring bêbulak | kèbêkan lampahing baris | ambèr balabar | lir robing jalanidhi ||

35. praptèng dhusun Jampisalam lampahira | rêrêb kalangan banjir | kinèn karya sasak | dalu myarsa sanjata | gumuruh kapyarsa sami | mayor atanya | ing ngêndi bêdhil iki ||

36. ingkang matur gih punika ing Ungaran | rintên dalu ajurit | mayor sarêng myarsa | langkung mangangah-angah | sasak kinèn gêlak aglis | nuli dadia | iya sawêngi iki ||

37. besuk esuk ingsun nabrang aja susah | dadya kang para mantri | dalu nambut karya | dalu dènnya tumandang |

--- 35 ---

enjinge sasak wus dadi | baris gya budhal | saking Jampisalami ||

38. wong Mataram myarsa bantune gêng prapta | Kalèrêk senapati | wuwuh loking warta | sèwu Kumpêni pêthak | kalih èwu Bali Bugis | Jawa salêksa | gumrah ing warta Jawi ||

39. malêm Rêbo Sri Narendra Kabanaran | budhal sawadyanèki | ing dalu pukul pat | kasusu budhalira | akathah dandanan kèri | Kumpêni mulat | kang wontên jroning loji ||

40. gya sinusul ing mariyêm bal-ambalan | dènnya nguluk-uluki | ingantêp isinya | parêng ing arga bêntar | enjinge Walôndanèki | balik têtiga | ki tumênggung nampani ||

41. wus tinunggilakên lawan bangsanira | baris Kumpêni prapti | Rêbo Lêgi tanggal | sawêlas sasi Sura | wus salin tahun awal Jim | loji kèbêkan | sagunging baris Jawi ||

42. sami mêdal Ki Tumênggung Arungbinang | sakancane pra mantri | amakuwon jaba | anunggil pra dipatya | mayor sigra angundhangi | Kyai Rungbinang | sampun sami pêpanggih ||

43. palênggahan ngling mayor pundi sudara | ênggène Mangkubumi | alon saurira | Tumênggung Arungbinang | ing Gurda pangajêngnèki | katri punggawa | gêgêdhuging prajurit ||

44. Jayadirja Mas Rôngga Wirasêtika | lan Suryanagarèki | sèwu prajuritnya | bupati kang têtiga | ênggone susunanèki | wontên ing Ngambal | sakidul lêrêng nênggih ||

45. sigra mayor Kalèrêk [Kalè...]

--- 36 ---

[...rêk] apêparentah | sudara benjing enjing | sami dika mangkat | sakawan pra dipatya | kula bêktani Kumpêni | gih tigang dasa | sèkêt Bugise Bali ||

46. mariyême satunggil bêktanên benjang | ki tumênggung nauri | tuwan yèn kênia | bok sampun agêgampang | manawi tiwas ing jurit | tuwan pan awrat | Susunan Mangkubumi ||

47. yèn tiwasa mindhak agêng tyase mêngsah | mayor nyêntak dènnya ngling | jangan banyak kata | Tumênggung Arungbinang | tuwan sampun walang ati | kula lumampah | tuwan ing benjing enjing ||

48. damêl kula aprang punapa macalang | kalèrêk anauri | dika gawe sasak | Tumênggung Arungbinang | tuwan sampun walang ati | prakawis sasak | kula kang anyaguhi ||

49. botên susah anglampahakên wong kathah | amrih nuntêne dadi | kalèrêk miyarsa | awêngis wuwusira | sarwi netrane macicil | jangan parentah | marang beta kiyai ||

50. pan kumêpyur ki tumênggung tanpa ngucap | angling sajroning galih | kèngêtan ing jôngka | iya Pagêlèn benjang | ana prang gêdhe ngluwihi | senapatinya | modar salah sawiji ||

51. baya iki jidhèt ana ing paprangan | dene kaluwih-luwih | sumêkti gumuna | ing jagat tan pasama | rupamu nyêkathak sapi | apêksa iya | anyêkêl Mangkubumi ||

52. ing rêspati angkate kang pra dipatya | Kumpêni jalan kaki | nênggih tigang dasa |

--- 37 ---

mariyême satunggal | sèkêt ingkang Bugis Bali | Kyai Rungbinang | nèng ngarsa sawadyèki ||

53. anambungi Tumênggung Yudanagara | saprajurite sami | nulya wurinira | Tumênggung Wiradigda | ing wuri bala Kumpêni | ing wuri pisan | Kyai Natayudèki ||

54. praptèng ngambal mênangi wadyèng Mataram | natasi sasak sami | sigra tinarajang | sasak ingkang rinêbat | rame campuh ing ngajurit | arêbat sasak | rame bêdhil-binêdhil ||

55. pra dipati wuri wadyane kèh prapta | miwah bala Kumpêni | wadya karepotan | yudane wong Mataram | tilar sasak mundur ririh | sêntolo wêtah | gantya dinandan sami ||

56. kinarubut ing kathah kang nambut karya | pra dipati jênêngi | munggèng soring gurda | ing oyod lêlinggihan | Tumênggung Rungbinang linggih | lan Wiradigda | katri Yudanagari ||

57. nuntên prapta wadya saking kilèn wetan | kang ngaturi udani | sami aturira | wontên bangke Walônda | ingkang kèli saking nginggil | lan bangke Jawa | kathah bangke Walandi ||

58. pra dipati sami tan wontên anduga | eca pra sami linggih | Tumênggung Rungbinang | nuturakên wirayat | jangkane Pagêlèn benjing | wontên pêpêrang | gêdhe rame ajurit ||

59. wontên papan satunggal marahi jaya | singa ngênggèni dhingin | ing desa Ungaran | kukuh datan kasoran | nuntên prang ngambal ing benjing | ingkang amêca | wontên prajurit kanin ||

--- 38 ---

60. watawise sampun prênahe punika | nuntên prang gêdhe malih | ing Pagêlèn wetan | wasta Jatipandhawa | wontên senapati mati | Jatipandhawa | sirna madyaning jurit ||

61. dèrèng tutug ngandika katri punggawa | kapat Natayudèki | mêngsah ênggènira | nunggil lawan Walônda | wau prajurit Matawis | angrêbat sasak | kasoran ing ngajurit ||

62. binantonan Dipati Suryanagara | Cakrajaya kalindhih | Tumênggung Jadirja | Rôngga Wirasêtika | Prajurit Suranatèki | kang salawe prah | wolu mantri pinilih ||

63. pan mèh dadya sêntolone sampun kêkah | praptane wong Matawis | tinunjang kewala | para mantri atadhah | binêdhilan wong Matawis | maksih tinunjang | nubruk angidak wani ||

64. kinarutug ing bêdhil mêksa anabrang | tan kêna dèn bêdhili | nolèh datan kêna | prajurit ing Mataram | Dipati Suryanagari | anglandhak tumbak | Rôngga Jadirja sami ||

65. sigra nunjang wong Mataram ngidak sasak | pan sampun dèn sabrangi | prajurit Mataram | nêmpuh gyan pra dipatya | ing wuri kathah nusuli | sakin akathah | prajurit ing Matawis ||

66. tinadhahan dening sagung pra dipatya | mapan lawan Kumpêni | rame têmpuh ing prang | kotbuta wong Mataram | rame rok bêdhil-binêdhil | sigra yun dana | Arungbinang binêdhil ||

67. kêna pêpoloke Ki Tumênggung jingkat | ludnan sigra marani |

--- 39 ---

sudara mundura | kancane sami mulat | lamun ki tumênggung kanin | mundur lon-lonan | prajurit ing Matawis ||

68. baris Panjêr-panjêr Mrêdèn Pasir Ngayah | tinunjang dèn amuki | mawur nora tahan | wong Kêdhu asarsaran | Ranadipura Panumping | tatu tan pasah | sayah sariranèki ||

69. Bugis Bali tinêmpuh tadhah apanggah | rinukêt acarusacaruk. kris | rusak akèh pêjah | bosah-basih bêlasah | sakarine kang ngêmasi | palajêngira | ngungsi mariyêm sami ||

70. panganggone kalangan toya kajaja | Kumpêni angêndrèli | pra dipati samya | ngumpul wuri Walônda | prajurit Mataram sami | ngrangsang Walônda | dèn êdrèl nunjang wani ||

71. wus kacorok Kumpêni barise rusak | mas rôngga ngamuk ngungkih | Tumênggung Jadirja | Radèn Suryanagara | pangamuke ngobrak-abrik | awor ing aprang | wuru wadya Matawis ||

72. lawan mirsa salomprèt muni ing wuntat | gusti bantu pribadi | dadya sami nunjang | nêmpuh rok liru papan | Kumpêni mariyêmnèki | surak gumêrah | awor tambur lan bèri ||

73. swaraning kang sanjata kadi dhawuhan | bêdhah anggêgirisi | prajurit Mataram | kotbuta nêmpuh rampak | sabin toya ngêbyuk sami | dèn drèl sapisan | kumroyok anumbaki ||

74. mariyême muni ping kalih rinangsang | kêstabêl dèn suduki | mriyêm wus karêbat | Kumpêni ingamukan | tumpês ludnane angênthir |

--- 40 ---

lan pra dipatya | wadya gusis rumiyin ||

75. kadya yêksa akrura wadya Mataram | kurang lawaning jurit | langkung sukanira | sang Natèng Kabanaran | mulat pratingkahe dasih | andum bandhangan | sagung para prajurit ||

76. kawuwusa wau kang sami kaplajar | ludnan mung kantun kalih | saradhadhunira | angsal tundhan turôngga | wadyane kang pra dipati | icir praptanya | sami galêput siti ||

77. pan mèh surup praptane biting Ungaran | ludnan lan pra dipati | mayor langkung gusar | kalèrêk kaya ngapa | pratingkahmu ing ngajurit | kongsi atinggal | ing mariyêm sirèki ||

78. sira ludnan kumêjot pundhake jingkat | lah inggih kadi pundi | pratingkahing yuda | wus pasthi kalih mênang | kula kinêpung rong sasi | pan botên kalah | mangke gèn aprang sisip ||

79. wingi mila Ki Tumênggung Arungbinang | pitutur angaturi | tuwan datan arsa | tan kêna ginagampang | yèn abote Mangkubumi | sinôngga ing prang | inggih kalakon mangkin ||

80. sira Mayor Kalèrêk mêdhot mukanya | kadya araup gêtih | manggil Arungbinang | kinèn anandhu prapta | kanine dipun tingali | kalèrêk mojar | sudara dika kari ||

81. kula mangkat gih mangke bêngi kewala | amukul Mangkubumi | kabèh mantri dika | kula bêkta sadaya | ki tumênggung anauri | tuwan sumôngga | mayor amuwus malih ||

82. hèh sudara kula tinggali andika | têlung puluh

--- 41 ---

Kumpêni | Islam wolung dasa | mangkana bakda ngisa | ngundhangi bala Kumpêni | lan pra dipatya | kêrig sagunging baris ||

83. ki tumênggung kari tunggu ing Ungaran | mung sagêbênganèki | lan para santana | Mayor Kalèrêk budhal | dhusun ngrante dèrèng prapti | wontên ampuhan | prahara andhatêngi ||

84. gumarudug angin gora gara-gara | arga grah gêgirisi | rug kang wrêksa rêbah | kèh sêmpal kaparapal | bangun pôncawôra tarik | anila warsa | patêr anggêgêtêr ||Guru lagu seharusnya: 7i, patêr anggêgêtêri.

85. pêtêng dhêdhêt paliwara palimutan | saput tan wruh ing margi | kêkês dharodhogan | pating galuyur samya | ting barêngok ngajêng wuri | acêluk rowang | wangsul sagunging baris ||

86. datan kêna tinêrak praharanira | dupi ngundhangan bali | rèrèh kang prahara | suda kang angin gora | nanging wong maksih lumaris | wangsul praptanya | Ungaran têngah wêngi ||

87. pra dipati yèn wania ngandhêg samya | pan dede wadosnèki | èstu pangabaran | sang Natèng Kabanaran | winongwong sasolahnèki | jinajayèng prang | sapolahe katawis ||

88. enjing malih budhale saking Ungaran | gumuruh kang wadya tri | kadya pun wanarga | tiktak sakawan bêkta | datan watês ngarsa wuri | gunging kang bala | lir robing jalanidhi ||

89. prapta anèng ing Ngrante pukul sadasa | kèndêl makuwon sami | enjing budhalira | ing Jagarêsmèn prapta | enjingira budhal malih |

--- 42 ---

wus praptèng bêndha | wus karya sasak sami ||

90. badhe nyabrang ngalèr lêrêng goning mêngsah | Susunan ing Matawis | makuwon nèng Jênar | anata wadyanira | prajurite wus miranti | kang pra dipatya | ing rêmbag sampun dadi ||

91. badhe Jênar pêkên prayogi kang papan | mêngsah dènnya nadhahi | sampun amupakat | lawan kang pra santana | yèn badhe angantêp jurit | ana ing Jênar | aprang badhe tohpati ||

92. mantri sèwu numbak anyar kang pacalang | sami atur udani | pra dipati ngira | yèn mêngsah sampun cêlak | Jênar badhe anadhahi | narpatinira | badhe ngawaki jurit ||

93. wus ajanji lan para kadange samya | kang raka lan kang rayi | pra tumênggung sigra | mring mayor tur uninga | yèn mêngsah badhe ngêntosi | pênêde tuwan | sami angati-ati ||

94. batur dika Kumpêni dawêg tinata | awrat mungsuh puniki | pan adate kuna | tan kêna ginagampang | Mayor Por Sakèbêr nguni | tuwin Kop samya | nate prang lan puniki ||

95. para mayor katri sampun nandhang tiwas | aprang lawan puniki | Kumpênine rusak | prang Tanjung prang Patidhar | prang Gowong Mayor Has mati | tuwin Mayor Pal | mati dening puniki ||

96. mayor nyêntak hus jangan banyak bêrkata | pan takut Mangkubumi | sarebu tambaha | beta têradhak susah | Si Kalèrêk laki-laki | trak adha guna | takut ing Mangkubumi ||

97. sudhah pasthi Si Kalèrêk bolih [bo...]

--- 43 ---

[...lih] ajar | mu pegang Mangkubumi | beta bolih tahan | dhapêt dhimana-mana | Kapitan Uce pinanggil | sradhadhunira | tigang dasa pinijig ||

98. para dhaèng lawan para upsirira | sradhadhu kang turanggi | sadaya binêkta | papênêd ing prawira | kusuma Makasar Bugis | Uce pinatah | nindhihi jalan kaki ||

99. pan pinilih sawarnine kang gêgaman | Uce kinèn angirid | sagunging rêmbatan | obat mimis lan reyal | badhe gajihing Kumpêni | ngiras binêkta | dene kang para mantri ||

100. amung mantri Panumping ingkang binêkta | lan Bumija sapalih | mantri numbak anyar | nyapalih kang binêkta | Tumênggung Natayudèki | sapalih ingkang | mantri tumut ing wuri ||

101. Ki Tumênggung Banyumas lan Wiradigda | ingkang tumut rumiyin | wus nabrang samana | Mayor Kalèrêk sigra | kang baris Jênar winarni | Natèng Banaran | pacalangira prapti ||

102. matur lamun mêngsah dalêm sampun nabrang | ngandika sri bupati | kangmas paran karsa | matur mau kang raka | dhuh sang nata aja tari | maring wong tuwa | môngsa gêlêma kari ||

103. supe lamun kang rayi jumênêng nata | pan ora dèn basani | kang raka karuna | kadangku kari pira | lêbura sadina iki | ingsun pan ora | nêdya tinggal sirèki ||

104. saparanmu sakarêpmu ingsun ora | nêdya urip pribadi | Pangran Purubaya | Pangran Mangkukusuma | sami nangis anarik kris | sarêng turira | sami nyuduki siti ||

--- 44 ---

105. nulya sagung pra dipati samudaya | sami nyuduki siti | sigra amêmatah | Susunan Kabanaran | bocah jro para prajurit | gêdhong kaparak | angumpula sirèki ||

106. iya lawan Kakangmas Adiwijaya | agêlar andhadhani | Dhimas Purubaya | Dhimas Mangkukusuma | dadya pêngawake kering | krangkang. pra dipatya | sawêlas aja kari ||

107. anunggala lan arimas karo pisan | têngên pêngawatnèki | ya Si Jayadirja | Rôngga Wirasêtika | Dipati Suryanagari | sisih punggawa | sawêlas pangran kalih ||

108. sagunging kang rêrepot kang para garwa | myang rabining bupati | sagung wêwadonan | wus kinèn rumiyina | lan putra pangran ngabèi | kang ngirid lampah | mung bandera rong supit ||

109. wus amisah wau kang narpa tanaya | badhe kang dipun jogi | Lowanu banjura | ngalèr Manorèh pisan | wau ingkang masang rakit | gêlar candrasa | ingkang kinarya wiwit ||

110. yèn wus campuh Gajahbangun badhenira | wau ta sri bupati | kang pinangku ngarsa | prajurit suranata | wolung puluh papat nênggih | lan malih kapat | sasur mantri pinilih ||

111. kawuwusa Mayor Kalèrêk lampahnya | wadya lir prawatagni | langkung kilènira | nênggih dhusun ing Jênar | dhusun agêng Malang nênggih | tan kawistara | yèn ênggèning kang baris ||

112. kuda sami kinumpul dadi sadesa | mila datan katawis | ênggèning sang nata | kalingan [ka...]

--- 45 ---

[...lingan] pagêr dhadhah | papringan agêng lan malih | lan jarak cina | kang sami angalingi ||

113. kang prajurit mêndhak tarap mangku tumbak | cinêkêl sipat godhi | apan sunanira | dadya mukaning gêlar | Kalèrêk lampahirèki | pacalang nulak | Wiradigda ngandhêgi ||

114. matur lamun Susunan ing Kabanaran | badhe ngantêp ing jurit | sigra wau nyêlak | Tumênggung Wiradigda | bilang maring mayor aglis | tuwan kèndêla | mungsuh sampun miranti ||

115. luhung nuntên tatanên baris prayitna | Kalèrêk tan nauri | agèdhèg kewala | sumaur tigang kêcap | sarwi netrane mucicil | trak adha guna | dhiyêm jangan kêstori ||

116. nuli mulat ana bandera sakawan | kêthap-kêthap kakèksi | kang rêrepot kathah | katon ingkang gêgaman | iya iku Mangkubumi | sinandêr sigra | wus cêlak ambêdhili ||

117. nanging sampun têbih ingkang para garwa | dene kang sami kari | wong cilik kewala | bêbakul ingkang kathah | tinunjang malêdug sami | wuri kocapa | Sang Prabu ing Matawis ||

118. kang pakuwon kinèn sami ngobongana | darapon mungsuh kèksi | nuli maranana | Kalèrêk wus kaliwat | tan wruh gèning sang narpati | lamun kaliwat | mêngsah ingkang sapalih ||

119. kang sapalih maksih kantun wurinira | Uce Kapitanèki | lan Kumpêni Islam | tuwin kang pra dipatya | Kandhuruan ngayah sami | lan Dipayuda | Pamrêdèn Banjarpasir ||

120. pangajênge mantri sèwu duk miyarsa | ing Jênar ana baris | dadya

--- 46 ---

sami giwar | wau ing lampahira | para mantri rêmbag sami | luhung utusan | dhatêng gêgaman wingking ||

121. lan Kapitan Uce sinungan pariksa | yèn ing Jênar puniki | inggih wontên mêngsah | sigra Surawijaya | wangsul lan kapitan panggih | tuwan pan mêngsah | wontên dhusun puniki ||

122. sigra wau Kapitan Uce atanya | tuwan mayor nèng pundi | ling Surawijaya | mayor pan sampun têbah | wau sampun dèn tuturi | yèn wontên mêngsah | nanging botên praduli ||

123. sigra gugup Uce dènnya nata bala | Kumpêni Bali Bugis | nata barisira | kumpul para kapitan | Natèng Kabanaran aglis | ngungak ing mêngsah | wus nyata sampun rakit ||

124. asaradan Sri Bupati Kabanaran | ingkang waja ginitik | angabani bala | sami mandhi talêmpak | hèh payo sagung prajurit | padha ngêrêmna | ing netranira kalih ||

125. sarêng giyak kukuk mêdal saking dhadhah | nêmpuh sarêng alok ing | wau sri narendra | dragundêr tinarajang | Kapitan Uce nadhahi | êdrèl sapisan | rinangsang bosah-basih ||

126. kumêroyok tandange wong suranata | miwah mantri pinilih | pamuke kotbuta | kuwêl ulêng-ulêngan | carub awor kang ajurit | wau sang nata | ngawaki ngowak-awik ||

127. kang prajurit pinilih lan suranata | akathah kang caruk kris | Kumpêni balasah | wus kathah ingkang pêjah | mas rôngga lan Jadirjèki | Suryanagara | kuwêl [ku...]

--- 47 ---

[...wêl] lan Bali Bugis ||

128. Pangran Mangkukusuma Pangran Purbaya | lan sawêlas bupati | campuh ing ayuda | para mantri sadaya | Banjar Mrêdèn Ngayah Pasir | Lêdhok prangira | rame bêdhil-binêdhil ||

129. pan anyêrot pra Dipati Kabanaran | pangran kalih nindhihi | Pangeran Purbaya | Pangran Mangkukusuma | nindhihi ngamuk ngawaki | mungsuh sarsaran | Dipayuda ngêmasi ||

130. ing Pamrêdèn wau Kandhuruan Ngayah | sampun anandhang kanin | sukunira kiwa | wadyane kathah pêjah | Pangran Adiwijayèki | wadya kaparak | prajurit cênthung sami ||

131. ingangsahkên kanan kerine sang nata | wau kang Bali Bugis | Makasar Sambawa | rukêt sami makanjar | rame malih kang ajurit | bangun prang muka | ubêkaning ngajurit ||

132. yeka jamur mangrok mangrukêt mawantah | manduk mamruk mapulih | jenggrak brêg rêkatak | marupak parung pêdhang | rêgrêg kandhêg krura mangkrik | gapruk prak gêmprak | liwêran onggrak-anggrik ||

133. awangwangson rumuk popor maputêran | gumuntur gêgêtêri | prawara prawira | rumrak caruk curiga | rukruk ngungkih datan ongkih | kakah-kakahan | adugang dêdagangi ||

134. awor wuru marus ubrês mawurahan | ruwêk mawor tan wiwrin | kang para kapitan | ngrik tri jajar makanjar | Jadirja angobrak-abrik | Suryanagara | goramuk ngowak-awik ||

135. rindhu dhêdhêt mas rôngga ngamuk pangrupak | cat-cut Uce ngêmasi | pêcah [pê...]

--- 48 ---

[...cah] sirah parah | sèkêt dragundêr pêjah | sangang puluh jalan kaki | lan pitung dasa | tumpês tan ana kèri ||

136. karusakan sirna suh para Kapitan | Bali Makasar Bugis | giwar kawandasa | dragundêr gêrus giras | giris mangrês ngungsi ngisis | murud raradan | desa doh kang dèn ungsi ||

137. gangsal atus tumpês tapis wong Makasar | Sambawa Bali Bugis | wau Sri Narendra | Susunan Kabanaran | tan karuwan wor ing dasih | kaprêgok wadya | mantri prameya kanin ||

138. gya cinandhak sinundhang mring asta kiwa | rah rumambat mratani | ing bajo sang nata | kadya gurah ludira | kang kanin Radèn Ngabèi | Mangunnagara | tatu pundhake keri ||

139. arinira Rahadèn Suryanagara | jinampèn dèn sêmpahi | mêndha kaninira | Radèn Mangunnagara | nêmbah amit ngamuk malih | dadya kang mulat | narka ratune kanin ||

140. sajatine rah têtularan kewala | opyak pating kalêsik | narka kanin samya | ing Gustinira Nata | Pangran Adiwijaya glis | Pangran Purbaya | myang Mangkukusumèki ||

141. ting balêbêr pra samya ambuwang watang | nêdya bela caruk kris | Pangran Diwijaya | kontrang-kantring karuna | dhuh sujana ari mami | ingsun kang tuwa | anêmahana pati ||

142. sira babo kèria mukti wibawa | lulusa madêg aji | Pangran Purubaya | dhuh sintên kakang êmas | kula tutkên andêr pati | wau sang nata | bubar prang wus alinggih ||

143. anèng Kowor [Ko...]

--- 49 ---

[...wor] duk ngumpulakên bandhangan | kang ngadhêp Tuwan Sayid | lan Pangeran Rôngga | Dilangu lan pangeran | lan Dipaningrat Kiyai | prapta tri kadang | pra sami anangisi ||

144. kula kangmas katularan rah anyundhang | Si Mangunnagarèki | dadya wus atata | kang rayi lan kang raka | kathah bandhanganirèki | kang rajabrana | sang nata tan praduli ||

145. namung ingkang dadya sukane kalintang | sanjata obat mimis | kêrbine sawidak | bainèt kalih bêlah | satus tongkang obat mimis | wus ingusungan | maring jro desa sami ||

146. wus lumirig sawadya marang jro desa | bagi timun kêrai | sagung raja brana | kinèn bagi warata | wuwusên Kalèrêk myarsi | bêdhil gumêrah | kadya ramening jurit ||

147. dadya wangsul Mayor Kalèrêk asigra | gumrubyug sawadyèki | ki tumênggung sigra | Wiradigda anyêlak | lawan Yudanagarèki | tuwan kèndêla | tatanên kang prajurit ||

148. gèdhèg bae mayor pêksa lampahira | tan dangu praptanèki | tabêting ngayuda | balasah kang rêmbatan | lan akèh bangke Kumpêni | Bugis Makasar | balasah tumpang tindhih ||

149. nulya pucat Mayor Kalèrêk mukanya | sigra têtanya aris | Tuwan Wiradigda | Tumênggung Natayuda | lan Si Uce wontên pundi | wau saurnya | Kyai Wiradigdèki ||

150. inggih tuwan watawise sampun risak | paran gène basuki | nulya

--- 50 ---

wontên wikan | mantri kawiradigdan | mêdhun saking kuda aglis | tuwan punika | pun Uce sampun mati ||

151. dipun kêthok tabête kinarya sepak | tigang dhêpa dohnèki | badan lawan sirah | nulya para kapitan | bangkene samya pinanggih | muka cinacah | mayor ngênês tyasnèki ||

152. Wiradigda wontên mantrine kaplajar | katêlingsut anunggil | mring mayor turira | Tuwan pun Natayuda | miwah kang para upêsir | sisaning pêjah | palajênge anunggil ||

153. dhatêng ing Toyamas kintên kang uninga | lajêng ngilèn pra sami | wontên kalih dasa | kang taksih Kumpêni Slam | lan mêngsah puniki maksih | Natèng Banaran | ngulari mungsuh malih ||

154. sawêg andum ing jarahan mimis obat | sawêg binagi maring | sagunging prawira | miwah andum sanjata | anacah bangke Kumpêni | katiga bêlah | wau Kumpêni putih ||

155. gangsal atus wau Kumpênine Islam | bangkene tumpang tindhih | Jawi Dipayuda | Ngabèi Mêrdèn pêjah | akathah kang para mantri | nunggil Walônda | kang sami angêmasi ||

156. nuli liwung kadi kêna pangabaran | winar karantan kêni | Tumênggung Banyumas | Tumênggung Wiradigda | kang pinatah wira-wiri | saparanira | angapit kanan keri ||

157. sampun tuwan obah ing ngriki kewala | tatanên baris aglis | pan botên kasêsa | yèn tuwan maranana | pan ènthèng lampahing baris | môngsa wandea |

--- 51 ---

mungsuh mangke mariki ||

158. yèn ta sampun angsal titahing ayuda | adate Mangkubumi | ngungsir sagèn mêngsah | tan susah pinaranan | mayor gèdhèg tan praduli | kêna ing jôngka | wau ta Sri Bupati ||

159. Kabanaran wontên ngaturi uninga | yèn pangeran ngabèi | binujung ing mêngsah | risak basuki kilap | angandika sri bupati | mungsuhe apa | Jawa miwah Kumpêni ||

160. matur inggih Kumpêni malah mayornya | kang bêbujung putraji | Kalèrêk punika | bala Kumpêni kathah | ngandika anggigit lathi | lah payo bocah | aja na nêdya urip ||

161. langkung saking bramantya Natèng Banaran | kadya tan napak siti | sun padha têrêna | wruh alang ujur ingwang | gon ingsun anêdya mati | sagung prawira | nangis samya narik kris ||

162. sami gêro prajurit nyuduki lêmah | matur pating jalêrit | sang nata ngandika | saragni cênthung samya | kalih atus kanan kering | padha mêtua | andhèdhèr marang sabin ||

163. kira-kira rong pambêdhil longkangingara |Lebih satu suku kata: kira-kira rong pambêdhil longkangira. dohe kanan lan kering | padha anungganga | ing kuda amêngawat | tur sêmbah sagung prajurit | kang jêjaranan | kiwa têngên wus mijil ||

164. sami dhèdhèr katon marêpak gêgaman | ingkang wetan kaèksi | sinang rasukan bang | cênthung ngangge salaka | pating parêthap kaèksi | alamat-lamat | Jatipandhawa kèksi ||

165. mayor kagyat lah ika gamane sapa | banderane rong supit | gupuh saurira |

--- 52 ---

Tumênggung Wiradigda | baturing mungsuh puniki | ingkang pangarsa | lidok tuwan puniki ||

166. yêkti botên wurung amukul ing tuwan | wau ratunirèki | lagya salat kajat | bakda ing rong rêkangat | nyandhak talêmpak sang aji | lah payo bocah | umangsah dipun aglis ||

167. bok kasêlak iya rusak wong wadonan | gumrêgut kang prajurit | samya ngangah-angah | berag sudiraning prang | mangsah dharat sri bupati | nindhihi bala | ngawaki ing ajurit ||

168. kumarutug anggarêbêg gustinira | wadya jro tan atêbih | mayor sigra mulat | yèn wontên songsong jênar | dènira têtanya aglis | sintên punika | payung kuning mariki ||

169. kang tinanya Tumênggung Wirawidigda | gupuh dènnya nauri | tuwan gih punika | Susunan Kabanaran | Pangeran Amangkubumi | prajurit mukya | sudibya surasêkti ||

170. sakin liwung murang-muring solahira | anake rare sakit | sinandhing kewala | sigra ngabani bala | Kumpêni atata baris | tambur gumêrah | salomprèt anambungi ||

171. baris kubêng mapag nèng Jatipandhawa | tawang papane radin | Natèng Kabanaran | mulat ing mungsuhira | sigra ngabani prajurit | rampak narajang | ngêbyuk lèr-lèran sami ||

172. giyak bangun angun-angun kadi yêksa | êmpal-êmpalan daging | prajurit Mataram | gambira nêmpuh rampak | bala Kumpêni nadhahi | amasang

--- 53 ---

tiktak | ngêdrèl ngudani mimis ||

173. kadya guntur gumarudug wukir Sasra | dhêdhêt madyaning jurit | surak tambur aprang | kadya grahing kang sapta | gumuruh swaraning jurit | têmpuh ubêkan | prajurit ing Matawis ||

174. datan kandhêg ingêdrèl nunjanunjang. angrangsang | gustine angawaki | parêngpêrang. pamuk rampak | nubruk ngidak anunjang | anusupi drèl numbaki | kumroyok ngêmprak | alok ingobrak-abrik ||

175. akèh curak curiga kuwur barisnya | rinukêt ing ajurit | Kumpêni wus lingkap | kuwur kathah kang pêjah | ambêlasah bosah-basih | ambêlasikan | rubuh banderanèki ||

176. tambur sirêp pating galêpruk kewala | gapruk brêg kajumpalik | rêg rêbah balasah | sirna rakiting aprang | mayor bingung angulithih | sanjatanira | kinarya mobat-mabit ||

177. prajurit ing Sukawati Wirarana | mayor dèn parêpêki | winêton ngiringan | ginoco sing kapira | pinugêr rêbah wus mati | jôngga tinigas | bangke tumpang atindhih ||

178. sirna gêmpang malêdug sisaning pêjah | Kapitan Usar aglis | anggiwar lumajar | tumut Usar sadaya | kalawan tumênggung kalih | Wirawidigda | lan Yudanagarèki ||

179. palayune nêdya ngungsi ing Ungaran | dene tumênggung kalih | bature kang nglima | dene kang kathah-kathah | ting balêsar rêbut urip | ana singidan | ing desa kang asêpi ||

180. yudanira prajurit ing Kabanaran |

--- 54 ---

duk winongwong ing Widhi | jinajayèng aprang | kinrutug ingêdrèlan | dèn byuk dèn udani mimis | nora sêmbada | kalonge kang ngêmasi ||

181. dina Ngahad Lêgi ping rolikur tanggal | Sura wulanirèki | ing taun Jimawal | sinêngkalan prang Jênar | arga muni bahing bumi |Sengkalan: arga muni bahing bumi (Ngahad Lêgi, 22 Sura 1677 A.J., Sabtu, 11 Desember 1751 A.D.). andêle aprang | mayor kalèrêk mati ||

182. lan Kapitan Uce prangmukaningpramukaning. jaya | tumpês Pajênar sami | para dhaèng kathah | sami pêjah cinacah | Kumpêni putih kang kanin | patang atusan | tigang dasa kang mati ||

183. Kumpênine Islam pitung atus rolas | tumpês ing prang sakenjing | prajurit Mataram | amung nênêm kang pêjah | mung sawêlas ingkang kanin | walahuaklam | mêrojol saking budi ||

184. pêpatine sèwu satus pitung dasa | mungsuh punjul kêkalih | pakaryaning aprang | dudu padha manungswa | têtêp ingkang Maha Suci | kang polah tingkah | asor ungguling jurit ||

185. duk puniku Susunan ing Kabanaran | sami ningali jisim | kalèrêk bangkenya | sirahe kang wus pisah | kinumpulkên dèn tingali | sami winawas | sami angusap wèni ||

63. Ing Ungaran wontên bêbantu dhatêng saking Samarang

92. Sinom

1. wau ta Kapitan Usar | lawan tumênggung kêkalih | kang lumayu mring Ungaran | lampahe tan anut [anu...]

--- 55 ---

[...t] margi | bêbênêr ngambah sabin | sami agalêput êndhut | praptane ing Ungaran | kagyat kang sami ningali | nuju anèng loji Tumênggung Rungbinang ||

2. praptanira tinakonan | maksih angadêg nauri | sarwi agoyang kapala | wong Kumpêni sudah habis | mayor kalèrêk mati | tumpês sakumpêninipun | Kapitan Uce bebas | sakumpênine babar ji | para dhaèng kêraèng tumpês sadaya ||

3. prajurit prawirèng laga | Mangkubumi laki-laki | orangnya têradhak banyak | nyang dhibawak magut jurit | Wiradigda nambungi | adhi akèh duk prang Tanjung | ingkang ginawa nêngah | jabakna ing kanan kering | duk angkate durung campuh pinayungan ||

4. nyamping sarung irêng sutra | rasukane kotang putih | watara ana pitulas | kang dèn wori kotang putih | patute pra dipati | pinilih suranatèku | tan lyan pêpangkonira | Kapitan Usar nambungi | dhi kapala dhalêm ikêt adha kopyah ||

5. Tumênggung Wirawidigda | alon dènira nambungi | gih tuwan kopyah bathokan | ucêng Arab kang ing Jawi | latar irêng kaèksi | cindhe jo paningsêtipun | anggar rêrenda pêthak | mung ngagêm dhuwung kêkalih | lancingane martas we jo kêkomboran ||

6. Kapitan Usar angucap | bature kèh sun tingali | nganggo kêris têlu papat | mung siji krise kêkalih | yèn ika Mangkubumi |

--- 56 ---

dhapure nyata abagus | têka kêras ing aprang | angkate prang dèn payungi | saingkupe payunge katêmu ngarsa ||

7. tumbak sadhêpa rong asta | lawungipun nagasari | cinoncong nèng ngarsa pisan | ika kang nunjang dhingini | ingêdrèl tan praduli | bature nusul kumrutug | kumroyok padha numbak | bubrahe baris Kumpêni | sun watara nora luwih wolung dasa ||

8. baris èwon kuwur bubrah | tinata-tata tan kêni | barusah sampun balasah | giris wus akèh kang mati | Kapitan Usar angling |Kurang satu suku kata: Kapitan Usar kang angling. yèn aja giwara ingsun | kalèrêk kuthèthèran | sapisan tan olih bêdhil | sami ngungun kapingungun solahira ||

9. nulya sami tata lênggah | mêdal janèwêr branduwin | ngiras sami pagunêman | Kapitan Usar nênulis | marang nagari Têgil | mring Samarang suratipun | Tumênggung Arungbinang | carakane wus lumaris | ing wurine mênêdi lêlarèn jagang ||

10. wus mranti mariyêmira | rontaka darebas rakit | ing dalu datan winarna | ya ta pinarênge prapti | bantu saking Batawi | kalèrêk pinaring bantu | tan mirsa yèn wus pêjah | prajurit Tarnite prapti | kawan atus kinèn bengkasakên mêngsah ||

11. tan wruh yèn kalèrêk bebas | Tarnite ingkang nindhihi | Kraèng Galèngsong satunggal | Dhaèng Malewa satunggil | Dhaèng Basudhak nênggih | Marêgês sakawanipun | wong Ambon pan [pa...]

--- 57 ---

[...n] kapitan | satunggal Wuru Basani | sami asrêp tyase kang baris Ungaran ||

12. lan Kumpêni kang kapisah | kaplajar kathah kang prantiprapti. | sami wontên ing Ungaran | Tumênggung Natayudèki | lawan upsir kang kari | ing punika praptanipun | sakin têtêp ngalêmpak | Ungaran santosa malih | kunêng malih wuwusên Natèng Banaran ||

13. kang baris wontên Cêngkawak | sabubarira ajurit | Sri Bupati Kabanaran | wontên dasih tur udani | lawan kang rayi kalih | tur uningèng raka prabu | yèn dhusun Ganggêng wetan | wontên Kumpêni angungsi | kawan dasa taksih sami kêkapalan ||

14. tan mawi Jawi satunggal | balênggêr amung Walandi | desa suwung ingênggènan | parentah sri narapati | wau kang rayi kalih | lawan kalih ki tumênggung | kinèn sami angêpang | kilèn Pangran Purbayèki | ingkang êlèr Pangeran Mangkukusuma ||

15. ingkang wetan Cakrajaya | kidul Kêrtanagarèki | sami sarêng dènnya mara | sawadya tambure muni | Kumpêni duk miyarsi | langkung sami marasipun | dene tan nganthi Jawa | akèh sami mrêbês mili | sinurakan saking ing têbih kewala ||

16. Pangran Arya Purubaya | nuwun pun Imajayèki | Dêmang Walônda kinarya | bêbujuk kang mrêkarani | kèh sami mrêbês mili | pinagut datan umagut | manawi darbeniyah | bêkti marang kakang aji | sapraptane wau Dêmang Imajaya ||

17. ambêkta mantri sakawan | dhusun Ganggêng dèn lêboni |

--- 58 ---

panggih lawan para ludnan | wus sami anut ing pikir | Dêmang Imajayèki | pasrah pêdhang bêdhilipun | katur dhatêng Pangeran | Purbaya binakta aglis | binadhugul praptane baris Cêngkawak ||

18. katur Natèng Kabanaran | pinartiga wong Kumpêni | Dipati Suryanagara | Tumênggung Jayadirjèki | mas rôngga pinara tri | Kumpêni panggonanipun | sang nata arsa budhal | munya têngaranira tri | bubar kêbut saking pakuwon Cêngkawak ||

19. masanggrahan Barèngkèlan | sawadyanira miranti | para garwa tinimbalan | prapta rabining dipati | ambèr kadya nagari | Barèngkèlan pêkên agung | enjing kang pasanggrahan | rinakit pakuwon aji | pasebane miwah korine binata ||

20. angarsakakên utusan | wau ta sri narapati | Ki Tumênggung Sindusastra | wus kinèn akarya tulis | amatêdhani upsir | mring kang putra badhenipun | kang têngga tanah Pajang | Pangran Mangkunagarèki | sêrat dadya pinaring gandhèk lumampah ||

21. enjing sinawakèng wadya | nèng pasanggrahan sang aji | aglar kang para dipatya | santana myang para mantri | pangirid pra dipati | Suryanagara nèng ngayun | Rôngga Wirasêtika | Tumênggung Jayadirjèki | kawan wêlas pra dipati munggèng ngarsa ||

22. Pangeran Adiwijaya | ingkang tumut munggèng kursi | lawan Sayid Ngabdurrahman | Sayid Yusup sami kursi | lawan ing kursi malih | Pangran Rôngga Kadilangu | pangran kalih

--- 59 ---

nèng ngandhap | sangajênge pra dipati | Pangran Purubaya lan Mangkukusuma ||

23. banjênge kang pra dipatya | andhèr kang mantri pinilih | lan prajurit suranata | andangu sri narapati | apa wartane Jawi | mungsuh kang padha lumayu | Rôngga Wirasêtika | Dipati Suryanagari | nêmbah matur pukulun kèndêl Ungaran ||

24. pun Tumênggung Wiradigda | lan pun Yudanagarèki | rencange kantun nyadasa | nanging ing mangke pawarti | wontên bêbantu prapti | Tarnite pan kawan atus | pangiride sakawan | Krèng GalèsongGalèngsong. lawan malih | Krèng Brasudhak kalawan Dhaèng Malewa ||

25. Dhaèng Marêgis sakawan | sami suraning ngajurit | wau Natèng Kabanaran | pangandikanira aris | aja na pinarpêki | dhêsêkên saking doh iku | dimèn ngrasakkên padha | larane badane sami | pangênêse nora wus satêngah wulan ||

64. Pêpêrangan ing Pajang Saanteronipun. Kumpêni Nilar Ngayogyakarta Badhe Ngêmpal dhatêng Kêdhu

26. kunêng gantya winursita | carakanira narpati | kang dhatêng ing tanah Pajang | Pangran Mangkunagarèki | kapanggih wontên ngardi | wetan Magiri gènipun | mangsahkên wong Mataram | bêbidhung pranging Kumpêni | Janapura lan Tumênggung Janagara ||

27. angêpung baris ing Sala | rame prang lawan Kumpêni | Tumênggung Jayanagara | kêna

--- 60 ---

katiban ing mimis | katimang anggarnèki | katimamas ingkang masuk | kadya ngatêr mimisnya | Jayanagara ngêmasi | kagègèran wong Mataram kasusahan ||

28. alit tyase wong Mataram | nadyan kathaha bupati | tan kadi Jayanagara | ing mungsuh akarya miris | jisime dèn gosongi | prajurit Mataram kuwur | Pangran Mangkunanagara |Lebih satu suku kata: Pangran Mangkunagara. bramantya amagut jurit | angangsahkên sakarine wong Mataram ||

29. angêpung baris ing Sala | rinangsang bêdhil-binêdhil | Ki Tumênggung Janapura | sakancane para mantri | mundur tan antuk ngungkih | saking doh dènira ngêpung | sadintên dènira prang | mundur kasaput ing ratri | têngah dalu Kumpêni ing Sala bubar ||

30. angumpul baris ing Yogya | dupi njing pinaran sêpi | Tumênggung Sujanapura | lan Jayaningrat Dipati | baris gambira nênggih | ngangsêg ngilèn barisipun | Pangran Mangkunagara | manggihi dutèng ramaji | surat saking kang rama sampun winaca ||

31. kang rama paring wuninga | Pajênar dènira jurit | sêrat sampun winangsulan | mangkana dutanya pamit | wuri pangran dipati | arsa tinjo baris ngayun | anjog saking haldaka | udhune jog kidul Wêdhi | udhunira wontên dhusun Pamutihan ||

32. masanggrahan tigang dina | Pangran Mangkunagarèki | enjang budhal saha bala | saprajurit para mantri | ngilèn lampahirèki | anèng jêmbangan kapêthuk | sagung punggawa ngarsa | Suramangunjaya nênggih | lawan sira [si...]

--- 61 ---

[...ra] Tumênggung Mangundijaya ||

33. dinangu sapa mungsuhnya | apa akèh apa kêdhik | umatur kang pra dipatya | amung salawe Kumpêni | Lutnan Sanèdêr nênggih | Bali Kapitan Samangun | sradhadhu wolung dasa | dene mantrinipun Jawi | Surèngrana kêkapalan wolung dasa ||

34. kang ambujung rayi tuwan | punika menggok mariki | Pangeran Mangkudiningrat | lawan pun Wiranatèki | pangeran ngandikaris | dene nora pira iku | dene palayunira | sun dulu kuwalik-walik | alon matur Tumênggung Kudanawarsa ||

35. gusti pênêde kèndêla | sampun umangsah samangkin | abdi paduka pangarsa | taksih bênthèt tyase sami | ora sun mangkat mangkin | yèn wong pangarsa tan purun | bocah ngong jro kewala | wong lorèk lawan wong Bugis | wong Saragni abang lan wong pêrang tandang ||

36. pinarak ing oyod gurda | ing candhi langkung prihatin | dhêkukul panyiptanira | iya awak ingsun iki | yèn ta antuk gêgitik | apa bisaa têtêmu | karo kiyai benjang | tiwas têmên awak mami | wungu saking dhêkukul manggil pra lurah ||

37. Saragni Gunawisesa | miwah Gunamas kithèki | pra lurah ing pêrangtandang | lurah lorèk Lurah Bugis | sadaya duk tinari | pra sami sandika purun | mantri jro tinarènan | sami purun aturnèki | sigra bêndhe Pangeran Mangkunagara ||

38. Tumênggung Kudanawarsa | lan pangarsa pra dipati | kinèn mêdal lèr

--- 62 ---

sadaya | nora nganggo dèn dhadhani | gêlar satriya sumping | tan adangu lampahipun | mêngsah maksih lumampah | katingal banderanèki | lamat-lamat lampahe ngidul amuntat ||

93. Pangkur

1. atata baris amapag | pacalange dinangu aturnèki | watawis Kumpêninipun | pêthak mung salawe prah | wolung puluh Bali Kapitan Sêmangun | Lopèrès Sanèdêr nama | pangirid Kumpêni putih ||

2. Jawane mantri sakawan | wontên satus cacahe kang turanggi | ing ngarsa pangiridipun | Ngabèi Surèngrana | mantrinipun rayi paduka rumuhun | Pangeran Mangkudiningrat | mangkya balik ing Kumpêni ||

3. Pangeran Mangkunagara | wusnya rakit Kumpêni duk ningali | wusnya anyabrang mangidul | sakidul Gêlagahan | anon mungsuh Kumpêni gugup anambur | Kapitan Sêmangun sigra | nitik kêndhang gong saruni ||

4. Pangeran Mangkunagara | ngangsahakên Lorèk kalawan Bugis | lan pêrang Tandang wus campuh | rame sami prang kuda | brêg-binêrêg swaraning bêdhil gumuruh | mantri jro pinarentahan | sami dharata ing jurit ||

5. mantri jêro sigra dharat | sarêng nêmpuh Kumpêni anadhahi | rame prang Kumpêni kuwur | saking ing dhêdharatan | kuda nunjang saking kanan kerinipun | mantri jro sarêng anumbak | kanan kering amêstuli ||

6. Ludnan Sanèdêr tinumbak | marang Jayaprameya wus ngêmasi | sradhadhunipun sapuluh | kang kari kathèthèran | baris Jawa

--- 63 ---

Kudanawarsa anêmpuh | Kumpêni palayunira | ngungsi Sêmangun wong Bali ||

7. nadhahi ulêng-ulêngan | rame têmpuh ing aprang silih ungkih | ngamuk Kapitan Sêmangun | nanging Karoban lawan | ing wusana pêjah Kapitan Sêmangun | kunarpa jur pinarbutan | sradhadhune kèh ngêmasi ||

8. mawur sakarine pêjah | kang adharat pêjah sami ing ngusir | mung kang turôngga lumayu | rikat arang kacandhak | kinakodhol Alpèrès Beman mèh lampus | dharat sampun mangap-mangap | Surèngrana angandhêgi ||

9. sinungan gênti turôngga | Surèngrana dharat wus binalêdig | tinumbakan sampun lampus | Ngabèi Surèngrana | Kumpênine kang gêsang amung sapuluh | manjing biting Parambanan | miwah ingkang Bugis Bali ||

10. Pangeran Mangkunagara | saha bala kèndêl dènira ngusir | wetan Parambananipun | Kumpêni Parambanan | pun Kapitan Sungrat kêstabêl tinuduh | mariyêm munya sauran | lir gunturing arga Siwi ||

11. giwar ngoncati anêbah | Pangran Mangkunagara sawadyèki | Kudanawarsa Tumênggung | angaturi mundura | nulya nulak margi agêng kang tinurut | datan dangu lampahira | kapêthuk mungsuh kang mulih ||

12. saking dènira mênang prang | Pangran Mangkudiningrat pan sakenjing | kasor ing prang binabujung | mêngsah wus akir nulak | mantuk marang Parambanan sêdyanipun | tan nyana kapêthuk mêngsah | kalih atus Bugis Bali ||

13. lan dragundêr kawan dasa | pun Kapitan [Kapita...]

--- 64 ---

[...n] Rèke ingkang angirid | apan sami kagètipun | dragundêr sigra mapan | Bugis Bali sigra mandhi watangipun | kang waos abang bêranang | Pangran Mangkunagarèki ||

14. èwêd ing tyas kacaluthak | dadya lingsêm yèn oncata ing jurit | sigra nunjang sarêng nêmpuh | sami ngilês ing kuda | dragundêre angêdrèl sampun kapungkur | mung Bugis Bali kewala | kang tinêmpuh pothar-pathir ||

15. tan kongsi antuk anumbak | gugup kèlês ing kuda ting balasik | akèh kanin akèh lampus | lajêng giwar sadaya | saha bala Pangran Mangkunagarèku | Kumpêni Slam karusakan | kang pêjah dipun gotongi ||

16. mantuk dhatêng Parambanan | pun Kapitan Reke ngungun miyarsi | mati Kapitan Samangun | lawan Sanèdêr pêjah | Kumpênine putih mati têlu likur | Samangun saradhadhunya | tumpês datan ana kari ||

17. wau ta kangjêng pangeran | kèndêlira wontên dhusun ing Candhi | parentah para tumênggung | ingkang dadya pangarsa | pan sadaya pinundhutan dhuwungipun | Ki Tumênggung Wiranata | langkung susahe kang galih ||

18. alajêng pinarentahan | mantuk gène pakuwonira lami | Tumênggung Wiranatèku | sèdhèng trêsnane ilang | mring gustine wus malih pandulunipun | utusan ing Surakarta | kang winratan ing prakawis ||

19. Ki Dipati Sindurêja | corok batin pan sampun anampèni | Wiranata suratipun | ki adipati sigra | maring loji wau [wa...]

--- 65 ---

[...u] ta sapraptanipun | kalawan Oprup Baltasar | Totlomondo wus apanggih ||

20. wus angantor pagunêman | surat saking Kyai Wiranatèki | tinupiksa marang oprup | tinurun suratira | langkung sami suka ing sakalihipun | gangsal atus prajuritnya | Tumênggung Wiranatèki ||

21. mantrinipun gangsal wêlas | kadang kalih anakipun satunggil | kang kocap binêkta tundhuk | mring Prabu Surakarta | Wiranata inggih wêca kang ginugu | akathah wong anjêjôngka | lamun gustine ing benjing ||

22. Pangeran Mangkunagara | nora bisa angrata tanah Jawi | mung warise dadi riwuk | anggayuh-gayuh tuna | tan pakantuk ing tanah Jawa dèn êluk | wêkasan wigar anggagar | kangèlan datanpa kardi ||

23. dene kang tulus misesa | mung Kang Rama Pangeran Mangkubumi | laplan. Prabu Surakartèku | tulus ngratoni Jawa | lan Susunan Kabanaran ingkang tulus | satiba-tibananea | mila Ki Wiranatèki ||

24. lami dènnya mêlang-mêlang | dèrèng antuk margi dènnya ngoncati | mangkya wontên marginipun | pinundhut dhuwungira | mila sèdhèng Wiranata manahipun | rok batin Oprup Baltasar | lan Dipati Sindurjèki ||

25. wau Dipati Sindurja | antukira saking ing loji sakit | kadawaning sakitipun | lajêng praptèng antaka | Sindurêja Adipati linanipun | Sang Prabu ing Surakarta | anduta marang Samawis ||

26. apratela [apra...]

--- 66 ---

[...tela] mring kang Bapa | Tuwan Idlèr ngungun akarya tulis | angsul-angsul ing sang prabu | duta Gandhèk tinulak | surat saking Idlèr katur ing sang prabu | tur tabe pangungunira | pêpatih dalêm ngêmasi ||

27. nanging ta atur kawula | kang sinuhun inggih môngsa puniki | sampun wontên karsanipun | lamun anyulihana | ing pêpatih parandene botên butuh | pêpatih ingkang satunggal | Pringgalaya dèrèng mati ||

28. lan malih atur kawula | dipun asih ing mantri pra dipati | kang taksih padha atunggu | wontên ing pada nata | ing sawuse maos sêrat sang aprabu | Tumênggung Puspanagara | kinèn angumpulna aglis ||

29. têtilar kasindurêjan | sawontêne panumbak saragêni | kabèh kang tilaranipun | kinèn angêsrahêna | marang sira Dipati Pringgalayèku | kunêng malih winursita | Pangran Mangkunagarèki ||

30. utusan marang kang rama | tur uninga yèn bupati ngêmasi | Jayanagara Tumênggung | Bupati ing Mataram | aprang lawan mêngsah Kumpêni kang tugur | kang bêbiting wontên Cala | nuntên kawula tulungi ||

31. ing mangke kang baris Cala | kula gitik bubar sampun anunggil | dhatêng Ngayogya pukulun | inggih saantuk kula | saking Gadhing Kumpêni ngadhangi laku | Lutnan Sanèdêr kalawan | Kapitan Sêmangun Bali ||

32. wontên Kamalon kula prang | brêkat dalêm unggul kawula jurit | Kumpênine tiga likur | ingkang kulamuk pêjah |

--- 67 ---

pangiride Sanèdêr miwah Sêmangun | sradhadhunipun tumpêsan | katur sasolahing jurit ||

33. wus umêsat dutanira | tan kawarna lampahing duta prapti | ing pasanggrahan sang prabu | nênggih ing Barèngkèlan | jujugira mas rôngga duta wus katur | sêrat lajêng tinupiksa | asuka wêkasan kingkin ||

94. Asmaradana

1. sukanira sri bupati | kang putra unggul ing aprang | ingkang dadi rudatine | patine Jayanagara | angèl angulatana | punggawa kadi puniku | Tumênggung Jayanagara ||

2. arikat sabarang kardi | sêdhêng wantêr ing ayuda | langkung sungkawa sang katong | kondur dènnya siniwaka | kagagas ing wardaya | gangsal dina gangsal dalu | datan antuk dhahar nendra ||

3. wus wêwatêke sang aji | Susunan ing Kabanaran | nadyan kapatèn putrane | têtêg nora dadi manah | yèn kapatèn punggawa | langkung kasusahanipun | tan wus ing rêncakanira ||

4. ing nguni Radèn Suligi | puniku punggawanira | duk bêdhah Jipang patine | sawulan tan kolu dhahar | anggung wayang wuyungan | nadyan mungsuhipun lampus | ingêndho Jayakartika ||

5. prihatin kapati-pati | pangungune tigang wulan | têtêpe mêmanahane | lamun ana wong prawira | patine durung môngsa | alah kulit dagingipun | anggung dènnya kapibrangta ||

6. katula-tula tyas aji | duta Kamangkunagaran | sapuluh wêngi lamine | dènira tan ingangsulan |

--- 68 ---

mangkya lilih sang nata | wus akarya angsul-angsul | sêrat dhatêng ingkang putra ||

7. lawan ganjaranirèki | ingkang putra pinaringan | sanjata karbin salawe | bainète kawan dasa | rong kayuh cindhe panjang | lawan reyal gangsal atus | badhe rasukan sakawan ||

8. baludru jo kang kêkalih | abang kêkalih rasukan | lawan malih ganjarane | mring Dipati Jayaningrat | Mataram pinaringan | busana sapalihipun | lan Pangran Mangkunagara ||

9. dene reyalipun nênggih | mring Dipati Jayaningrat | tigang atus tigang lawe | lan muni ana ing layang | anake Jayaningrat | Bagus Banthèng kang pinundhut | ingkang pinacak punggawa ||

10. ginantyakkên kadangnèki | Tumênggung Jayanagara | nanging namane ingêlèh | Tumênggung Jayasêmbadra | duta wus kinèn mangkat | Malang Drigama wotsantun | mêsat saking ngarsa nata ||

11. ing marga datan winarni | prapta pasanggrahanira | Pangran Mangkunagarane | nuju baris anèng Sarab | duta praptèng ngayunan | sêrat katur lan pakintun | ganjarananira kang rama ||

12. sawusira maos tulis | pangeran kalangkung suka | ngundhangi wadya ambêndhe | samêkta kang bala budhal | pangran dhatêng Mataram | amargi ing ardi Kidul | sapraptanira Mataram ||

13. dhusun ing Gambiran nênggih | baris Dipati Janingrat | Tumênggung Janapurane | gègèr praptaning pangeran | gupuh tan kongsi mapag |

--- 69 ---

munggèng pasanggrahan sampun | Pangeran Mangkunagara ||

14. dhawuhkên parentahnèki | ingkang rama sri narendra | Paman Dipati Si Banthèng | kinarsakakên ing nata | gêntyani kadang tuwa | inggih pinaring jêjuluk | Tumênggung Jayasêmbadra ||

15. aja owah kang lêlinggih | rong èwu Jayanagara | langkung nênuwun ature | wau duk miyarsa warta | Tumênggung Kêndhal pêjah | nèng Ngayogya kang atugur | tindhih pasisir sadaya ||

16. lan malih miyarsa warti | lamun natèng Kabanaran | kondur Mataram badhene | pangajênge sampun bubar | badhe miyos Pangkalan | pasisir samodra Kidul | têlike matur pratela ||

17. lawan gumyahing pawarti | lamun kalèrêk tumpêsan | tumpês pan Kapitan Uce | sami ngênês manahira | mayor kalih wus rêmbag | nêdya ngumpul marang Kêdhu | kang abaris ing Cacaban ||

18. binanton saking Matawis | lawan saking Surakarta | Pan Darpol Senapatine | kalawan Lutnane Kulman | wau baris Ngayogya | bubar ngumpul maring Kêdhu | ajrih wontên ing Ngayogya ||

19. lan Tumênggung Kêndhal mati | ngênêse wong pabarisan | pan wus ilang pêpakune | Tumênggung Singawijaya | wantêr tur sugih bala | datan ataha prang pupuh | amungsuh para kusuma ||

20. mêngsahipun sami ering | dhatêng ing Tumênggung Kêndhal | pan ing nguni kêkasihe | swargi sumare Lawiyan | rawuhe saking wetan | Singawijaya puniku |

--- 70 ---

magang langkung kinasihan ||

21. cucude kapati-pati | yèn sang nata nênayuban | dodot kuning awor têkèk | nyana cucude kewala | dupi pasisir êsah | Kumpêni ingkang anggadhuh | pinundhutakên nagara ||

22. sami kagèt kang miyarsi | têtêpe lamun sang nata | têrus ing batin trêsnane | Kumpêni gugup sumôngga | mila wontên ing Kêndhal | angkate nama tumênggung | yatra sèwu pinaringan ||

23. lan busana warna-warni | nanging mijil bêbutulan | mila sasolah-solahe | tan taha maring santana | dhasar agung sêsumbar | sapa nêdya ngrusak iku | mring turuning gustiningwang ||

24. gustiningsun sri bupati | kang sumare ing Lawiyan | iya lan sapangerane | lamun katêmu ing ajang | môngsa sun kudhisana | mocok utamangganipun | iya payo dèn jajala ||

25. sambada sugih prajurit | Tumênggung Singawijaya | sèwu samas prajurite | rinêngga ingkang busana | kèhe prajuritira | sami lan patang tumênggung | lan wantêr punggawanira ||

26. wus bubar saking Matawis | wau sagung kang barisan | angumpul ing Kêdhu kabèh | kang abaris ing Cacaban | Pan Darpol lawan Kulman | miwah kang para tumênggung | nèng Cacaban lan Magêlang ||

27. Pangran Mangkunagararèki |Lebih satu suku kata: Pangran Mangkunagarèki. lan Janingrat duk miyarsa | budhal sami angêngodhol | baris Ngayogya budhalnya | kininthil tinututan | sami wangsul dhusun Jamus | saking Trayêm kidul wetan ||

28. wangsul [wang...]

--- 71 ---

[...sul] mrênahakên baris | kinèn baris ing tangkilan | Dipati Jayaningrate | lan Tumênggung Janapura | Tumênggung Jasêmbadra | Pangran Mangkunagarèku | kondur dhatêng tanah Pajang ||

29. anglusah dènira baris | Pangeran Mangkunagara | kunêng malih kang wiraos | Sang Nata ing Kabanaran | kang barinbaris. Barèngkèlan | mangkya ngalih barisipun | masanggrahan nèng Karoya ||

65. Sunan Kabanaran wontên ing Pasanggrahan Banyuurip Tampi Pawadul saking Bupati ing Pakalongan

30. tan lami malih Banyurip | Dipati Suryanagara | mas rong sami ature |Kurang satu suku kata: mas rôngga sami ature. miwah Tumênggung Jadirja | sarêng ing aturira | yèn Kumpêni Ludnanipun | lawan Alpèrèse samya ||

31. yèn dalu sami anangis | sami prihatin kalintang | watawis suka pinatèn | sang nata alon ngandika | aturana jêng tuwan | miwah si tuwa pêngulu | kalawan si adhi rôngga ||

32. Kangmas Adiwijayèki | lan arimas karo pisan | tan adangu ing praptane | kang munggèng kursi sakawan | sang nata angandika | marang Kiyai Pangulu | Wa Pangulu Dipaningrat ||

33. sira dhewe ingsun tari | matura ing para tuwan | prakara [praka...]

--- 72 ---

[...ra] Walônda kiye | sêmune padha asusah | dene kang gêdhe padha | mrêbês mili siyang dalu | pinatèn apanguripan ||

34. matur marang Tuwan Sayid | Ki Pangulu Dipaningrat | tuwan punapa karsane | mênggah Walandi punika | kang têluk kawan dasa | sami sêdhih manahipun | gih punapa pinêjahan ||

35. alon dènira nauri | Tuwan Sayid Ngabdurrahman | puniku wontên kalane | yèn kapir têluk arisan | nglakoni saparentah | pranatane Islam manut | yèn dosa wajib ngapura ||

36. sinakajêng-kajêngnèki | sèjèn têluk jroning aprang | yèn anut saparentahe | yèn wus atine sakeca | inggih nulya ginanjar | yèn susah iku kaduwung | wajib uga pinatenan ||

37. yèn wus eca tyase sami | gih padha wajib ginanjar | yèn dèrèng eca manahe | sayêkti suka wor ramya | yèn dadak mêlang-mêlang | ing batin ora tuwajuh | kaya tutur pakênira ||

38. ludnane yèn bêngi nangis | satru munggèng ing cangklakan | mèsêm ngandika sang katong | tuwan lamun makatêna | tan dosa pinêjahan | Tuwan Sayid alon matur | inggih lamun sok karuna ||

39. mas rôngga dipun kêjèpi | lan Radèn Suryanagara | Tumênggung Jayadirjane | punggawa têtiga mêdal | amung ingkang pitungkas | mantri suling lawan tambur | ingkang kinèn gêsangana ||

--- 73 ---

40. sapraptanira ing Jawi | wau kang katri punggawa | Kumpêni sinaosake | nèng pinggir kali sadaya | wus sami tinumbakan | ana kang sami sinuduk | tigang dasa pitu bebas ||

41. kinèlèkakên ing kali | kang têtiga wus binêkta | sumiwi ing ngarsa katong | sami ningkulnungkul. mêlas arsa | kang nuli sinung nama | pun Hangganaya ranipun | panambur pun Hanggaswara ||

42. pun Hanggaprayitna mèstri | pinangadêg cara Jawa | pêndhok êmas bênting cindhe | gangsal jung sabine samya | dene golonganira | prajurit suranatèku | maksih eca pêpucungan ||

95. PocungTeks asli: Pucung.

1. pan kasaru wontên caraka kang rawuh | saking Pakalongan | dutane Radèn Dipati | Jayaningrat pun Rôngga Purwadipura ||

2. anèng pintu mas rôngga jinawil mêtu | wus panggih lan duta | mas rôngga lumêbêt malih | nêmbah matur ing Jawi wontên caraka ||

3. dutanipun rayi paduka pukulun | saking Pangangsalan | pun Jayaningrat Dipati | kang ingutus pun Rôngga Purwadipura ||

4. sang aprabu kagyat pangandikanipun | enggal timbalana | iku dutane si adhi | rôngga mêdal lêbête ngirid caraka ||

5. praptèng ngayun kang caraka sèlèh dhuwung | ingawe umangsah | sumungkêm pada anangis | sri narendra tumut dhawuh ingkang waspa ||

6. sami ngungun punggawa kang munggèng ngayun | iki ana paran | wadine sri narapati | ana duta kang prapta dhawuhkêndhawahkên. [dha...]

--- 74 ---

[...wuhkên] waspa ||

7. sampunipun angujung caraka matur | ngandika sang nata | wruhanira pra dipati | duta iki iya anake si bapa ||

8. kang anggadhuh kala kalareyaningsun | ingsun cilik mula | durung pisah lawan iki | ya Si Bapa Tumênggung Nitinagara ||

9. sadulurmu padha nèng ngêndi gonipun | sira apa lawas | gonira apa si adhi | nêmbah matur pun Rôngga Purwadipura ||

10. laminipun inggih sawêg kawan taun | katiga kawula | ingkang sami anut wuri | piniyara dhatêng ing rayi paduka ||

11. ingkang sêpuh pun Kakang Jayatrunèku | wontên abdi tuwan | pun Sindurja Adipati | abdi dalêm kang anèm pun Trunapatra ||

12. anggènipun inggih suwita pukulun | wontên rayi tuwan | Dipati Pringgalayèki | iya Allah dene padha rêbut paran ||

13. bênêripun akèha kang ana ingsun | nuwun atur sêmbah | Rôngga Purwadipurèki | ngaturakên kang sêrat rayi paduka ||

14. wus pinundhut binuka sinukmèngsinuksmèng. kalbu | katura kang sêmbah | rayi dalêm pun Dipati | JayaningrakJayaningrat. kang pilênggah Pangangsalan ||

15. Yogya katur ingkang pramudanèng satru | sudibyèng ngalaga | Kangmas Arya Mangkubumi | wirôtama ing rat pramuka jayèngprang ||

16. kang wus dunung ing sumbaga anak anung | kang umadêg nata | lawan karsane pribadi | kang jinunjung ing Hyang mêmangun prawira ||

17. wiyosipun kulatur uningèng prabu |

--- 75 ---

yèn rama paduka | gih pun paman adipati | wontên Selong kawula têbus salêksa ||

18. dèrèng asung Kumpêni kèh cidranipun | pun Dêlèr Samarang | asayêmbara ing batin | pan kawula ingkang sinungan wacana ||

19. iya besuk sapa kang bêdhahkên Kêdhu | ngalahkên Pangeran | Adiwijaya lan malih | ngalahakên Suwandi Suryanagara ||

20. gêr gumuruh kang sêrat winaos sêru | sagung pra dipatya | sami gumujêng abêlik | sêrat ngangge Suwandi Suryanagara ||

21. kèndêl dangu iya tuwa êndi iku | sira lan yayimas | Suryanagara wotsari | inggih sêpuh rayi dalêm pun Supama ||

22. kaotipun botên langkung pitung tèngsu | kadi nunggil warsa | ing Alip Awal lan Akhir | lonyotipun dados bupati binêkta ||

23. nulya wau winaos malih sratipun | yèn ana ngalahna | iya ing wong agung kalih | ingsun turut sapanjaluke maringwang ||

24. kula sanggup balêdig wong agungipun | inggih kalampahan | ing Kêdhu kula lampahi | naming inggih sami kula tonjok sêrat ||

25. raka tuwan Kangmas Adiwijayèku | yèn anadhahana | tan wande kula balêdig | pun Suwandi tan wande kula gêgancar ||

26. gêr angguguk sang nata lan pra tumênggung | kèndêl sanalika | sang nata amaos tulis | ing sêrate wong agung gêbag dêladag ||

27. mèsêm muwus Radèn Suryanagarèku | hèh Purwadipura |

--- 76 ---

basakna lurahirèki | dèn rewangi prang sênggrang angingkrang-ingkrang ||

28. sambatipun sajroning layang rêruntuh | ingsun lan pangeran | kang padha dèn sêsambati | yèn bêdhaha Kêdhu mintak punya bapak ||

29. sru gumuyu Pangran Adiwijayèku | lucu cilik mula | Si Supama nora mari | wong wis tuwa kapindho dadi dipatya ||

30. têka lucu mandah sukaa tyasipun | wong prihatin nêdha | bapakane durung olih | bok iyaa lucune dèn singkirêna ||

31. sang aprabu alon dènira andangu | hèh Purwadipura | priye yèn kala siniwi | yayi êmas dene para mantri kathah ||

32. nêmbah matur Rôngga Purwadipurèku | inggih datan ewah | yèn ari ing Sênèn Kêmis | kados wontên dhomas kang sami sewaka ||

33. mantrinipun lan para lêlurahipun | inggih tiga bêlah | sami bêkta jajar kêdhik | mantri wolung dasa kang astha mênggala ||

34. liyanipun inggih para mantri pungkur | duk lagya katingal | têdhak manggihi kang nangkil | duk lumampah kang seba ambata rêbah ||

35. mangke lungguh gujênge ambata rubuh | tur dèrèng ngandika | lagya wontên kang dèn lirih | parandene wus gumyak ambal-ambalan ||

36. mantri kuru kathah api-api ngêlu | wong mêngi kèh kumat | napase anggung katarik | kathah ambruk ngalumpruk pêdhot kang napas ||

--- 77 ---

37. dongèngipun kadi samodra tinawu | botên kenging têlas | wong sèwu ngadhêpa sami | sèwu pisan jalêbut pinapoyokan ||

38. alah iku swarane lagi karungu | parandene gumyak | mandah katona si adhi | wus mangkana sang nata nutug nupiksa ||

39. mangkya nuhun inggih kula anênuhun | yèn aparêngana | lêgane tyas padukaji | pinaraka ing nagari Pakalongan ||

40. botên etung ing tyas kawula wus putung | dhatêng pun Walônda | cidrane angêlangkungi | nadyan gêmpur tumpur manah wus anêmah ||

41. dhuh pukulun tulunga ing kawlas ayun | yèn tan angarsakna | inggih paduka ngawaki | mung wontêna margine kawula minggat ||

42. sokur lamun botên ngarsakakên nuduh | dhuh gusti kakangmas | tur mindhak bêm padukaji | amêcahna nagari ing Pakalongan ||

43. sampunipun pamaosira sang prabu | inguncalkên sigra | mring santana adi dipati |Lebih satu suku kata: mring santana adipati. gênti maos pra samya gumujêng latah ||

44. sampunipun alon ngandika sang prabu | paran kono padha | si adhi mangkene iki | mêsakakên yèn ora tinurutana ||

45. sami matur sumôngga karsa pukulun | sang nata ngandika | hèh Adhi Purubayèki | lan arimu karia wong loro padha ||

46. apan ingsun tan ina jênênging sêpuh | nênêgor ing wrêksa | ningkirkên galinggang mati | amung kari babadi

--- 78 ---

oyod kewala ||

47. dene ingsun kangmas mèlu lakoningsun | iya benjang-enjang | sun tinggal Bagêlèn iki | umumêna ingsun mulih mring Mataram ||

48. pan kasaru wontên duta praptanipun | saking ing Mataram | dutanira Ki Dipati | Jayaningrat Mantri Gadhing Wiraguna ||

49. malihipun angirid Carakanipun | Sultan Bantên kendhang | punika dutane prapti | kang ingutus têtiyang Bugis sawidak ||

50. sêrat katur tinupiksa unjukipun | kang mungêl ing sêrat | abdi dalêm pun Dipati | Jayaningrat gusti ngaturi wuninga ||

51. barisipun Kumpêni sadaya murud | saking ing Ngayogya | gugup budhalipun gusis | alon dènnya ngandika Natèng Banaran ||

52. iya sokur lunga tan nganggo pinukul | mêngko ta ki besan | barise ana ing ngêndi | nêmbah matur pun Ngabèi Wiraguna ||

53. barisipun wontên ing Warak pukulun | lawan ing tangkilan | ombèra anata dasih | langkung suka miyarsa wau sang nata ||

54. Bugisipun pangarsa ingkang dinangu | yèn Tubagus Buwang | jumênêng sultan rumiyin | mangkya kasor jurite kalawan kadang ||

55. sêdyanipun nuwun idin ing pukulun | mangkya sagèn-gènnya | ngaraman Jawi nagari | lamun tuwan anampèni yêkti sowan ||

56. iya besuk sun pikir si adhi iku | mêngko lagi ingwang | ana satêngah ngajurit | sapa wêruh tiba pati tiba

--- 79 ---

arja ||

57. hèh sirèku muliha Wiragunèku | gawa bali padha | sanak-sanak Bugis iki | dimèn lèrèn anèng nagari Mataram ||

58. sang aprabu angundhangi wadya agung | yèn badhe budhalan | Pangeran Purubayèki | lan kang rayi sakancane kiring wuntat |

Lajêng nyandhak jilid 11.

--- [0] ---

Isinipun

... Kaca

61. Pêpêrangan ing Ungaran ... 10

62. Pêpêrangan ing Ambal tuwin ing Jênar ... 33

63. Ing Ungaran wontên bêbantu dhatêng saking Sêmarang ... 54

64. Pêpêrangan ing Pajang saanteronipun. Kumpêni nilar Ngayogyakarta badhe ngêmpal dhatêng Kêdhu .. 59

65. Sunan Kabanaran wontên ing pasanggrahan Banyuurip tampi pawadul saking Bupati ing Pakalongan ... 71