Sastra Jawa

Program Digitalisasi Sastra Daerah

  • Increase font size
  • Default font size
  • Decrease font size

Babad Giyanti, Balai Pustaka, 1937-39, #985 (Jilid 11)

Katalog:Babad Giyanti, Balai Pustaka, 1937-39, #985
Sambung:
1.Babad Giyanti, Balai Pustaka, 1937-39, #985 (Jilid 01). Kisah, Cerita dan Kronikal | Babad Giyanti #1061.
2.Babad Giyanti, Balai Pustaka, 1937-39, #985 (Jilid 02). Kisah, Cerita dan Kronikal | Babad Giyanti #1062.
3.Babad Giyanti, Balai Pustaka, 1937-39, #985 (Jilid 03) . Kisah, Cerita dan Kronikal | Babad Giyanti #1063.
4.Babad Giyanti, Balai Pustaka, 1937-39, #985 (Jilid 04). Kisah, Cerita dan Kronikal | Babad Giyanti #1064.
5.Babad Giyanti, Balai Pustaka, 1937-39, #985 (Jilid 05). Kisah, Cerita dan Kronikal | Babad Giyanti #1065.
6.Babad Giyanti, Balai Pustaka, 1937-39, #985 (Jilid 06) . Kisah, Cerita dan Kronikal | Babad Giyanti #1066.
7.Babad Giyanti, Balai Pustaka, 1937-39, #985 (Jilid 07). Kisah, Cerita dan Kronikal | Babad Giyanti #1067.
8.Babad Giyanti, Balai Pustaka, 1937-39, #985 (Jilid 08) . Kisah, Cerita dan Kronikal | Babad Giyanti #1068.
9.Babad Giyanti, Balai Pustaka, 1937-39, #985 (Jilid 09). Kisah, Cerita dan Kronikal | Babad Giyanti #1069.
10.Babad Giyanti, Balai Pustaka, 1937-39, #985 (Jilid 10). Kisah, Cerita dan Kronikal | Babad Giyanti #1070.
11.Babad Giyanti, Balai Pustaka, 1937-39, #985 (Jilid 11) . Kisah, Cerita dan Kronikal | Babad Giyanti #1071.
12.Babad Giyanti, Balai Pustaka, 1937-39, #985 (Jilid 12). Kisah, Cerita dan Kronikal | Babad Giyanti #1072.
13.Babad Giyanti, Balai Pustaka, 1937-39, #985 (Jilid 13) . Kisah, Cerita dan Kronikal | Babad Giyanti #1073.
14.Babad Giyanti, Balai Pustaka, 1937-39, #985 (Jilid 14) . Kisah, Cerita dan Kronikal | Babad Giyanti #1074.
15.Babad Giyanti, Balai Pustaka, 1937-39, #985 (Jilid 15) . Kisah, Cerita dan Kronikal | Babad Giyanti #1075.
16.Babad Giyanti, Balai Pustaka, 1937-39, #985 (Jilid 16). Kisah, Cerita dan Kronikal | Babad Giyanti #1076.
17.Babad Giyanti, Balai Pustaka, 1937-39, #985 (Jilid 17). Kisah, Cerita dan Kronikal | Babad Giyanti #1077.
18.Babad Giyanti, Balai Pustaka, 1937-39, #985 (Jilid 18). Kisah, Cerita dan Kronikal | Babad Giyanti #1078.
19.Babad Giyanti, Balai Pustaka, 1937-39, #985 (Jilid 19). Kisah, Cerita dan Kronikal | Babad Giyanti #1079.
20.Babad Giyanti, Balai Pustaka, 1937-39, #985 (Jilid 20). Kisah, Cerita dan Kronikal | Babad Giyanti #1080.
21.Babad Giyanti, Balai Pustaka, 1937-39, #985 (Jilid 21). Kisah, Cerita dan Kronikal | Babad Giyanti #1081.

Serie No. 1259j

Babad Giyanti

Anggitanipun Radèn Ngabèi Yasadipura I ing Surakarta.

Jilid 11.

Bale Pustaka - 1938 - Batawi Sèntrêm.

--- [2] ---

Wêwênangipun ingkang ngarang kaayoman miturut anggêr ingkang kapacak ing sêtatsêblad 1912 No. 600.

--- [3] ---

66. Sunan Kabanaran bidhal saking tanah Pagêlèn badhe nêlukakên tanah pasisir, dumugi Talagawana kèndêl masanggrahan.§ Miturut babon ingkang sumimpên ing Kon. Bat. Gen. v. K. en W.

96. Pangkur

1. enjang anêmbang têngara | tri gumuruh kêndhang tambur gong bèri | kang balakuswa kumêbul | kang sami asiyaga | wus samêkta budhalira sang aprabu | tilar Pagêlèn samana | nuju ing Rêspati Manis ||

2. sarêng wolu likur tanggal | ing Rabingulakir maksih awal Jim | para bupati panganjur | budhal sabalanira | pan sawêlas pra dipati munggèng ngayun | nulya Tumênggung Jadirja | Dipati Suryanagari ||

3. Mas Rôngga Wirasêtika | ing wurine wadya jro anambungi | prajurit kaparak brubul | kadya giri puspita | ing wurine prajurit suranatèku | Radèn Arya Jayèngrana | lawan pangeran ngabèi ||

4. sami nunggil para nata | miwah sagung para mantri pinilih | tan têbah lawan sang prabu | wadya gêdhong ing wuntat | Pangran Adiwijaya têtindhihipun | lawan para tuwan-tuwan | tuwin para kaji-kaji ||

5. sagung pangeran pardikan | Pangran Sarang Têmbayat Sulajari | Pangran Rôngga Kadilangu | lawan kang para garwa | sakathahe wêwadon munggèng [mung...]

--- 4 ---

[...gèng] ing pungkur | kadya nagri alêlampah | pêkêne samargi-margi ||

6. rarywalit bêbayi kathah | ngeramakên tinon solahe wuri | amung botên gawa lêsung | ingkang agung anglela | wong apandhe anggawa ububanipun | kalawan wong mikul dandang | gênthong kalawan kuwali ||

7. Susunan ing Kabanaran | mratani tuluse umadêg aji | dene solah tingkahipun | anglangkungi santosa | nora môntra-môntra lakune wong nglurug | yèn masang rakit gêgaman | luwih saking nguni-uni ||

8. yèn sinawang barisira | mawaur niki tan kêna gumingsir | wadyane kang para sêpuh | kang lungsuran dipatya | ingkang sami anyawang ing barisipun | kuna-kuna durung ana | kadyèki lampahing baris ||

9. pêpatute yèn ginampang | nora kêna kalah padhaning janmi | saking gawate kalangkung | saking wingiting lampah | priyogine pangrekane barisipun | wagêde angrèh prawira | kapuwaraning ajurit ||

10. wadyagung kadya samodra | gêbyaring kang busana marwatagni | kathah prajurit cêcênthung | salaka ting karêthap | kang têtopong bêbadhong pating palancur | abra marwanèngmawarnèng. busana | lir wimbaning bagaspati ||

11. mahaywaning dipaningrat | kuwung-kuwung manawang-manawêngi | gumawang wangkawa nawung | mrabani diwangkara | kyèhning wadya turôngga amukir kapuk | kataman krasing maruta | mawur mangun rèh mariris ||

12. sadina dènnya lumampah | langkung

--- 5 ---

aris manawi mêngsahnèki | nêdya nêmpuh ing margagung | sampun owah tatanya | mila ajêg lampahe datan kasusu | nèng dhusun Têlagawana | masanggrahan sri bupati ||

13. kang wadya apamondhokan | ing Têlagawana watêsannèki | bumi Pagêlèn lan Kêdhu | papan radin awiyar | kilènipun wukir alit ting panjutu | toya mijil saking arga | pating paluncar kaèksi ||

14. lèr wana tarab taruna | wetan sabin mêntas dèn têtanêmi | alangên lamun dinulu | lami dènnya gêgubah | Natèng Kabanaran ing rèh ragi kanyut | kacipta ing kapandhitan | caryanon papan prayogi ||

15. wus kinèn akarya langgar | wisma joglo pinasang pinggir wukir | asri kaubêngan banyu | lèpèn alit ngajêngan | kanan kering lèpèn wêning toyanipun | sukêt murah kajêng murah | pun têtela ngacaryani ||

16. sang nata agung pinarak | para tuwan-tuwan kang dèn aturi | miwah kiyai pangulu | tuwin kang pra dipatya | ingundhangkên prasami salat ing ngriku | ayêm nèng Talagawana | kunêng kawuwusa malih ||

67. Tumênggung Arungbinang Kanthi Prajurit Kumpêni Ambêbujêng Pangeran Purbaya Wontên ing Tanah Pagêlèn

17. Pangran Arya Purubaya | lan kang rayi tinanggênah ing wuri | nutugakên karyanipun | ngradin Pagêlèn ômba | pakumpulan [paku...]

--- 6 ---

[...mpulan] lan para bupatinipun | amrih pakantuking lampah | badhe ngidul kang dèn jogi ||

18. andhêsak biting Ungaran | sampun dadya nênggih ingkang pinikir | budhal punggawa panganjur | Tumênggung Cakrajaya | Ki Tumênggung Sawunggaling kanthinipun | Tumênggung Kartanagara | budhal saking Banyuurip ||

19. nulya Pangeran Purbaya | lan kang rayi budhal sawadyanèki | ing Têlaga badhenipun | wau mangilènira | kawuwusa têlikipun Ki Tumênggung | Arungbinang praptanira | umatur pratelannèki ||

20. yèn Susunan Kabanaran | èstu kondur dhatêng nagri Matawis | ingkang rayi kalihipun | tinanggênah kantuna | pikiripun lan para punggawanipun | badhe ngidul kang dèn eja | Têlaga dèn pasanggrahi ||

21. ing Ungaran pinarapat | saking bêbihtêbih. pangeran dèn awêri | pratela saaturipun | ki tumênggung asigra | marang loji lan kapitan aturipun | yèn Susunan Kabanaran | wus kondur dhatêng Matawis ||

22. kang kinèn kantun Pangeran | Purubaya kalawan ingkang rayi | badhene sami angidul | urut Sèwu dèn ambah | ya ta wau Kapitan Usar amuwus | benjing enjing kula mangkat | amukul Purubayèki ||

23. dika kari saudara | suku dika kang kanin dèrèng bêcik | mung mantri dika puniku | sadaya kula bêkta | mung kantuna Kumpêni kang têlung puluh | lan sèkêt Kumpêni Islam | mangkana enjing [e...]

--- 7 ---

[...njing] lumaris ||

24. munya tambure gumêrah | suling kêndhang saruni alit-alit | Tarnite sami bakilung | rame agiyak-giyak | mung sasupit bandera wong patang atus | aciyut nanging adawa | mèh rong dhêpa panjangnèki ||

25. ambane amung rong asta | galengsonge sungsun payunge kuning | ting kureyab tandangipun | agung dènnya makajar | Pangran Purubaya pacalange matur | yèn mêngsah dalêm kang prapta | badhe nyabrangi mariki ||

26. sigra ambêndhe têngara | sami mapan sagunge kang prajurit | kang mêngsah prapta kalajuk | lajêng ajêng-ajêngan | wong Tarnite tan kêna andulu mungsuh | ting kureyab jalak ngêmpan | tan kongsi dipun abani ||

27. angsahe sami makanjar | yèn mungguha tanggên ingkang nadhahi | pasthi enggal risakipun | Tarnite ing ayuda | mungsuhipun kasêlak gila andulu | dhadhal Pangeran Purbaya | nanging unduripun ririh ||

28. ngetan dhatêng ing wêwala | wong Tarnite tan kêna dèn andhêgi | polah kêdah ambêbujung | angling Kapitan Usar | nora kêna kene prang kaya caramu | Si Kalèrêk Bugis dhomas | patang atus Kumpni putih ||

29. prang tumpêse babar pisan | mung rong êjam siji tan ana kari | wong kaya sira kumingsun | mêngkono polahmu prang | katujune mung adhine mungsuh iku | Pangeran Rôngga kewala | iya dudu Mangkubumi ||

30. Ngabèi Kartalêksana | sigra dènnya dutakkên punang tulis |

--- 8 ---

marang kiyai tumênggung | sêratira wus prapta | ki tumênggung lan ludnan gumêdêr gupuh | sami dènnya kirim layang | mring Kapitan Usar aglis ||

31. karêp pan wontên ing Ngambal | sami kèndêl makuwon ingkang baris | mungsuh ura ênggènipun | sami pating balêsar | sayêktine bok mungsuh nêdya nênukup | nuntên wontên sêrat prapta | saking Ungaran kêkalih ||

32. têmbunge sêrat mangkana | lamun tuwan kèndêla kula watir | manawi mêngsah angrungu | yèn pikir asêlaya | botên rêmpêg tan gothang ing aprang pupuh | sayêkti ènthèng winawrat | mungsuh ana nêmpuh wani ||

33. Kapitan Usar miyarsa | ing surate tumênggung lan Bunmêndir | ngajak mangkat dalu-dalu | Bapak Kartalêksana | dika bapak ing dêdalan botên bingung | mantuka dhatêng Ungaran | miwah sasake ing pundi ||

34. nauri Kartalêksana | inggih tuwan sampun susah ing margi | kapitan sigra anambur | ing pukul sanga budhal | wong Tarnite tinilar prandene nusul | pating garundêl samarga | juru basa mituturi ||

35. Kapitan Ambon lingira | ujêr bênêr Kapitan Usar nênggih | prangmu iku pranging jagul | yèn aprang tanah Jawa | mila tumpês jinismu kang pirang èwu | aprang lan kusuma Jawa | sajêge durung basuki ||

36. Kapitan Usar angeman | têka padha tinampan ora bêcik | lah mêngko kapitan mutung | mulih tan nganggo warah | wong Tarnite marga bêbênêr galêput | mantrine ngajêng sadaya | sami sah lawan Kumpêni ||

37. pukul ro praptèng [pra...]

--- 9 ---

[...ptèng] Ungaran | Tarnite galêput ting karêmpis |Kurang satu suku kata: Tarnite galêput pating karêmpis. enjing sami prapta kumpul | upsir lan pra dipatya | warni Pangran Purubaya duk angrungu | yèn baris Kumpêni nulak | pangran budhal anututi ||

38. Pangeran Arya Purbaya | ngilèn malih Kalêgèn sampun prapti | dene kang tinuduh laju | ngilèn miwah ngalora | Ki Tumênggung Kartanagara wus laju | sampun angancik pun Roma | pun Tumênggung Sawunggaling ||

39. kang badhe Kabumèn ika | sakawan pra dipati ya ta wakil | Kapitan Usar amuwus | kadipundi sudara | yèn botêna puniku nuli pinukul | wong cilik kasêlak rusak | sumambung Ludnan Bunmêndir ||

40. yèn puniki anglaraga | inggih dika sudara angawaki | Kapitan Usar agupuh | nimbali mêstrènira | kinèn bobot ing tatune ki tumênggung | mistri mijêt tatunira | puniki inggih kuwawi ||

41. binêkta anitih kuda | ing satêngah dintên inggih kuwawi | yèn langkung saking puniku | sayêktinipun susah | Ki Tumênggung Arungbinang sigra anut | gih tuwan benjing kawula | kang mukul andhandhang gêndhis ||

97. Dhandhanggula

1. Ki Tumênggung Rungbinang nauri | gih kula pan angrasa kabangkat | yèn inggih enjing angkate | Kapitan Usar muwus | inggih dika kula bêktani | dragundêr kawan dasa | Tarnite rongatus | Bugis Bali kalih bêlah | inggih sêdhêng amukul Purubayèki | batine yèn muwusa ||

2. nadyan sampun andika bêktani | kula wani [wa...]

--- 10 ---

[...ni] Pangeran Purbaya | sok sampun Mangkubumine | sampun wruh takêripun | wusnya tabe têngara bèri | bêndhenira angangkang | Kumpêni anambur | bubar saking ing Ungaran | para mantri panèwu kang mianjuri | lampahira wus têbah ||

3. ngidul ngilèn ing Kabumèn prapti | sami kèndêl baris wontên pasar | gugup prapta pacalange | matur mêngsah lêlaku | inggih badhe anjog mariki | kadi dèrèng miyarsa | lamun ki tumênggung | budhal anyêgat pangeran | ki tumênggung budhal sawadyanirèki | saking Kabumèn ngetan ||

4. Karanggêdhe mêngsahira prapti | langkung kagyat Pangeran Purbaya | cinakuthak ing lampahe | pangajêng sami campuh | Pangran Arya Purubayèki | langkung dènnya bramantya | nindhihi anêmpuh | Tarnite myarsa sanjata | anglancangi marang barise wong Jawi | mangsah pating kureyab ||

5. nyabrang larèn Tarnite sapalih | kang wus campuh lan wong Kapurbayan | kinêpung kuda lampahe | Tarnite mêksa ngamuk | pan kinalang dipun pistuli | anggêpe jalak ngêmpan | prang sêdya angamuk | giniwarakên ing kuda | maju mistul Tarnite akèh kang kanin | sagung Kumpêni Islam ||

6. lan dragundêr tan bisa nulungi | margine dhêdhêl amung satunggal | salarèn wontên uwode | tan kêna kuda laju | ki tumênggung mara ningali | marang Tarnitenira | yudane tan arus | sigra wadya Kapurbayan | ingkang wuri nabrangi ngupados [ngupado...]

--- 11 ---

[...s] margi | ing nginggil miwah ngandhap ||

7. sampun kathah nabrang ngandhap nginggil | wus angêpung wadya Kapurbayan | Tumênggung Rungbinang age | mudhun sing kudanipun | anglajêri nêngah ing jurit | Tumênggung Arungbinang | saprajuritipun | wus sami dharat sadaya | Kumpênine sadaya sampun anunggil | rame gènira aprang ||

8. pra dipati Purbayan prasami | angawaki sami munggèng kuda | sinôngga bêdhil dharate | kuda tan wagêd maju | nyênthak-nyênthak dipun bêdhili | surak awor sanjata | swaraning gumuruh | Tarnite angumpul samya | aprang papak arame bêdhil-binêdhil | saragni tumênggungan ||

9. sèkêt nênêm Tarnite saragni | iya sèkêt gênti angsahira | patang puluh dragundêre | arame yudanipun | kurnèt ingkang dragundêr kêni | mimis pilinganira | niba lajêng lampus | ajidane tatu pundhak | lajêng gêndring Tarnite angamuk sami | Pangeran Purubaya ||

10. langkung duka sigra angawaki | nyandhak lawung angêtab turôngga | prajurite ngamuk kabèh | miwah para tumênggung | para mantri samya ngawaki | Tumênggung Arungbinang | nyapih ingkang magut | payo ta dèn mundur tata | pangerane nêpsu bangêt sun tingali | payo padha elinga ||

11. nora kêna wong agung Matawis | yèn wus nêpsu sira tadhahana | mênèk tiru kakangane | yèn aprang wus anêpsu | iya Sunan Amangkubumi | yèn samono mungsuhnya | tan kanggo samênut | Tarnite anut [a...]

--- 12 ---

[...nut] kewala | undur wuri ki tumênggung anèng wuri | lumbungan tigang pôntha ||

12. yèn pinêlak saragni nadhahi | gênti mara bêdhil datan kêndhat | saragni lawan Tarnite | kêkapalan kang mungsuh | bêcik dharat ingkang nadhahi | turôngga nyênthak-nyênthak | giwar kudanipun | tan ana bisa marêka | nulya sami prajurit anyabrang kali | ki tumênggung wus nyabrang ||

13. sami nolih mapak kang prajurit | wau saragni Arungbinangan | amapag lawan Tarnite | tumênggung ngêgar payung | Pangran Arya Purubayèki | ngêtab kuda mèh nabrang | para mantrinipun | sami mudhun saking kuda | tinêngkulak sami nyêpêngi kêndhali | matur sami karuna ||

14. adhuh gusti suwawi ngèndêli | sampun mogok gih pun Arungbinang | pinêlaka inggih mangke | mêdali bêdhèsipun | yêkti awrat sinanggèng jurit | kanthi Bugis akathah | Tarnitene agung | dragundêre kawan dasa | abdi dalêm sampun sayah prang sakenjing | suwawi kinèndêlan ||

15. ya ta Pangran Arya Purbayèki | kêju tyase gêla ing aturan | dene mantri punggawane | mundur kasaput dalu | dhusun Bocor dèn pasanggrahi | Tumênggung Arungbinang | nênggih praptanipun | ing Ungaran pukul sanga | kathah tiwas prang Karanggêdhe rumiyin | mungsuh kalawan rowang ||

16. kawuwusa bêbantu kang prapti | saking Batawi Kapitan Bagrak | satus rolas dragundêre | prajurit sabrang punjul | sampun nabrang lan Raja Gandhi | sira Kapitan Bagrak |

--- 13 ---

agagah abagus | prajurite pêpilihan | dragundêre satus rolas bêcik-bêcik | saguh mungsuh kalawan ||

17. mungsuh Jawa Arya Mangkubumi | tinurutan mring gurnadur jendral | bok kalakon sêsanggupe | Dite Pon praptanipun | nèng Ungaran sampun apanggih | lawan Kapitan Usar | miwah pra tumênggung | têtanya Kapitan Bagrak | wontên pundi panggonane Mangkubumi | sumaur kang tinanya ||

18. Mangkubumi mantuk mring Matawis | parikine bêbantu kewala | kadange asor jurite | mangke prange wus unggul | mila mantuk marang Matawis | Pangeran Purubaya | kang duwe arêngkuh | ing tanah Bagêlèn ômba | lan kang Rayi Pangran Mangkukusumèki | mangke ing Bocor Ambal ||

19. wus pinarnah pakuwonirèki | Kapitan Bagrak kaduwung mojar | Kapitan Usar sêmune | ngèncêpi dènnya muwus | dede sukak dene awingit | kunêng loji Ungaran | gantya kang winuwus | Pangeran Arya Purbaya | duk miyarsa bêbantu saking Batawi | nama Kapitan Bagrak ||

20. animbali pra dipati sami | para mantri pinêpêk sadaya | tinawu kabèh pikire | Cakrajaya umatur | yèn kawula gusti kuwatir | luwung nuntêna ngetan | manawi pun bantu | kang nama Kapitan Bagrak | amurugi sok sampuna amiranti | ing papan kang prayoga ||

21. ya ta rêmbag pangeran tyasnèki | dhasar alit angundhangi budhal | amung Kartanagarane | punika kang

--- 14 ---

tinuduh | wangsul ngilèn gêlarirèki | angancikana Ngroma | mungsuh dimèn ngrungu | dadi tatane mukula | ing pangeran karone rèhing Kumpêni | wus dadi sigra budhal ||

22. saking Ambal sagunging kang baris | wus angetan Pangeran Purbaya | dhusun Wêwala kèndêle | kang ngilèn budhalipun | sami mapan sarêng sakenjing | Radèn Kartanagara | ing Roma jinujug | Kandhuruan anèng Bantar | wus miyarsa yèn mungsuhipun dhatêngi | dandan sawadyanira ||

23. saking Bantar sampun angoncati | Kandhuruan lan sabalanira | ngungsi Pamêrdèn jujuge | Kartanagara sampun | tanah Roma kancikan nênggih | Tumênggung Arungbinang | prapta têlikipun | kang tinutakên ing mêngsah | aturipun mratelakkên pinggirnèki | Pangeran Purubaya ||

24. wus angetan dènira ngoncati | kèndêl Wêwala akarya gêlar | ingkang winangsulkên ngilèn | pan Kartanagarèku | inggih Ngroma kang dèn anciki | sadaya wus pratela | têlik aturipun | Ki Tumênggung Arungbinang | marang loji lan kapitan nulya panggih | kapitan kalih pisan ||

25. tur upiksa yèn têlike prapti | ingkang kinèn amor lawan mêngsah | wus tinanggap saature | sigra kapitan muwus | yèn makatên ta kadipundi | kula nuntên lumampah | pundi kang pinukul | kang kilèn punapa wetan | Ki Tumênggung Rungbinang sigra nauri | tuwan kula sumôngga ||

26. yèn ngetana kang kilèn manawi |

--- 15 ---

sêlak risak inggih tanah Roma | yèn tuwan mukula ngilèn | kagêngên lampahipun | lah ta kadipundi kang pikir | kula atutur adat | kang kilèn puniku | Tumênggung Kartanagara | yèn winawrat sawawrat sing nênêdhasi | gêngana tanpa karya ||

27. Kapitan Usar lan Bagrak angling | yèn makatên sudara andika | ambobota ing lakune | pintên wataranipun | ambêktaa bala Kumpêni | Tumênggung Arungbinang | alon dènnya muwus | gih dragundêr kalih dasa | tigang dasa Kumpênine jalan kaki | Islame tigang dasa ||

28. kula bêkta mung mantri satunggil | Kakang Ngabèi Kartilêksana | para mantri kari kabèh | lawan sadayanipun | inggih rencang kula pribadi | wusnya dadi kang rêmbag | sigra budhalipun | kang ngilèn têtulung Roma | Kandhuruan miyarsa yèn kang bantoni | Tumênggung Arungbinang ||

29. wangsul saking Pamarêdèn aglis | Kandhuruan pun Sutanagara | miranti sagêgamane | kang wontên Roma wau | Ki Tumênggung Kartanagari | kumpul sabalanira | anèng Jamberumput | wau ta pangajêngira | Ki Tumênggung Arungbinang tur udani | yèn mêngsah sampun mapan ||

30. kang lumajêng mangkya wangsul malih | Ki Kandhuruan Sutanagara | mêngsah nadhahi badhene | baris ing Jamberumput | Ki Tumênggung Rungbinang aglis | nata prajuritira | cêlak Jamberumput | sragênine kang turôngga | kinumpulkên [kinumpulkê...]

--- 16 ---

[...n] lawan dragundêr anunggil | dene saragni dharat ||

31. kinumpulkên lawan jalan kaki | lan ing Jamberumput sampun cêlak | mungsuh alok sarta bêndhe | pangajêng sampun campuh | rame dènnya bêdhil-binêdhil | wong Roma kang adharat | sami munggèng ngayun | kang turôngga munggèng wuntat | ginarudug ing bêdhil andhêku sami | nglela kang jêjaranan ||

32. gya tinêtêr kang sami turanggi | ginarudug kang sanjata kathah | nora tahan turanggane | giwar arêbut dhucung | kari ingkang adharat sami | angêdrèl kathah pêjah | wus sami lumayu | angidul palayunira | pan ingusir sapraptanira pasisir | kidul menggok mangetan ||

33. kang kacandhak marang ing Kumpêni | akèh pêjah ingkang sami Jawa | pan sami siningkirake | pan maksih dèn bêbujung | saparane pangungsirnèki | kèndêl ing Jagamêrtan | wau ki tumênggung | sadalu enjinge budhal | kang binujung palayunira angungsi | baris Kapurubayan ||

34. lajêng ngetan ki tumênggung prapti | dhusun Ngambal Pangeran Purbaya | sakawone pangajênge | nênggih pangraosipun | ingkang prapta mêngsah Kumpêni | Pangeran Purubaya | budhal gagap gugup | saking Wêwala angetan | lajêng ngalèr dènira nabrang ing Ringgit | kèndêl ing Kapopongan ||

35. ingkang wontên Ngambal duk miyarsi | yèn wus lolos Pangeran Purbaya | anèng Popongan kèndêle | wau ta ki tumênggung | lawan sagung bala

--- 17 ---

Kumpêni | mantuk dhatêng Ungaran | prapta wanci surup | panggih kapitan sakawan | pan wus bilang prange lêlampahirèki | kinèn mantuk pondhokan ||

36. enjing kewala wangsula malih | tan kawuwus dalu enjingira | bupati pinanggil kabèh | Kyai Wiradigdèku | Natayuda wus sami prapti | Kiyai Arungbinang | sarêng praptanipun | Kapitan Bagrak angucap | kadipundi rêmbage kang pra dipati | dene sangêt sakitnya ||

37. Ki Tumênggung Yudanagarèki | kula sêdhih ing manah kawula | keron sabarang panggawe | nauri pra tumênggung | tuwan pênêd ngantukna dhingin | dhatêng nagri Toyamas | tuwan datan bingung | Kapitan Usar lan Bagrak | sami muwus yèn sampun mupakat pikir | sudara Arungbinang ||

38. dika nuduh ngatêr para mantri | wong Banyumas budhala sadaya | tumuta ing bandarane | kula bêktani satus | Kumpni Islam lutnan kêkalih | mantri dika kang tuwa | ngatêrna puniku | nauri Kyai Rungbinang | sampun susah sayêkti kula bêktani | mantri ingkang prayoga ||

39. sakit paran Bagrak dènira ngling | netranipun amêrêm kewala | kula wèh wêruh ing dêlèr | lan Petor Têgilipun | kantênane kang muni tulis | Tumênggung Arungbinang | alon sauripun | jêjêr panastis kewala | nanging saking sangête ingkang panastis | netra mêrêm kewala ||

40. wus ingantukakên ingkang sakit | ing wuri sami mangun pirêmbag | ing lampah mrih

--- 18 ---

pakantuke | arsa amukul mungsuh | pun Kapitan Bagrak sêdyèki | angêlar kang jajahan | wus dadi kang rêmbug | pun Kapitan Bagrak lingnya | sasak dika sudara paran wus dadi | gih wingi dènnya dadya ||

41. duk sadalu atêngara enjing | ingkang badhe tinilar Ungaran | tigang dasa Walandine | sèkêt kang Bugis Wangsul | ki tumênggung nilari mantri | kalih panèwunira | lan sakancanipun | ing dina Kêmis angkatnya | saking biting Ungaran sagunging baris | mukul mungsuh asmara ||

98. Asmaradana

1. ingkang bêbarêpi baris | Ki Tumênggung Arungbinang | lan samantri panêkare | kang sumambung wurinira | Ngabèi Wanayuda | sakancane tuwaburu | Kumpêni ing wurinira ||

2. wurine baris Kumpêni | Ki Tumênggung Wiradigda | Tumênggung Natayudane | kang mêkasi wurinira | asri baris lumampah | Tarnite ramya bangkilung | myang Kapitan Kumpni Islam ||

3. sadintên lampahirèki | kèndêl dhusun Garujugan | enjinge baris lajênge | sadintên ing kèndêlira | nèng Mirib kawan dina | mila baris kèndêlipun | Ki Tumênggung Arungbinang ||

4. punika kacandhak sakit | panastis langkung sangêtnya | kongsi bêranang netrane | patang dina datan ana | rêjêki kang tumama | padudon ing ajêngipun | Kapitan Usar lan Bagrak ||

5. Kapitan Usar kang pikir | ki tumênggung awangsula | Kapitan Bagrak pikire | sanadyan dipun gotonga | tumênggung aja pisah | wasana sami [sa...]

--- 19 ---

[...mi] lumaku | mring pondhok Arungbinangan ||

6. ki tumênggung amanggihi | sami anglugur kewala | nanging sajro wardayane | eling barang pakaryannya | angling Kapitan Bagrak | kadipundi ki tumênggung | kula mangkat benjang enjang ||

7. paran ta sukanirèki | tumut punapa wangsula | ki tumênggung lon saure | gih tuwan tumut kawula | ing tuwan lilanana | kula lumaku nèng pungkur | nauri Kapitan Bagrak ||

8. sampun susah alumaris | nadyan lêta satus êjam | dadi sukaning tyas ingong | nging mantri dika kewala | sapalih wontên ngarsa | sapalih wontên ing pungkur | rumêksa ing saudara ||

9. kunêng ing dalu nulyènjing | budhal sagunging gêgaman | Wanayuda panganjure | wus anabrang anèng ngarsa | ing Rawong kèndêlira | wontên ing Rawong sadalu | wuwusên Pangran Purbaya ||

10. Kapopongan dènnya baris | lan ing Rawong sampun cêlak | amêpak para mantrine | miwah sapunggawanira | prasamya prajanjian | nèng Popongan badhenipun | nadhahi ngaptêpngantêp. ing yuda ||

11. tinêlik mungsuhirèki | Walandi mung kalih bêlah | kawan atus wong Tarnite | satus Bali Kumpni Islam | Jawane Wiradigda | Natayuda mambu ilu | pêpêdhotan duk prang Jênar ||

12. Arungbinange mèh mati | nora milu magut ing prang | iya kônca mantri kabèh | luwih antêpe kewala | ngêrobi akèh rowang | prajurit kukila saur | pating

--- 20 ---

barêngok sadaya ||

13. ya ta kawuwusa enjing | wus budhal Kapitan Bagrak | sawadyane saking Rawong | tinata barising lampah | wruh mêngsah sampun cêlak | sawadyane pangran sampun | amêdali milih papan ||

14. cinacah ingkang prajurit | kalih èwu kang turôngga | pan kalih èwu dharate | apangawat kering kanan | para tumênggungira | Kapitan Usar amuwus | mangsit ing Kapitan Bagrak ||

15. mêngko têmpuh ing ajurit | aja tolih keri kanan | ngêndi gone pangerane | mantri sèwu numbakanyar | loro aywa doh ingwang | Martadipa Mantri Sèwu | Jawikrama Numbakanyar ||

16. wus dadya rakiting baris | amapag Kumpêni Islam | têngêne wadya Tarnite | kiwane para kapitan | katiga Kumpni Islam | têpung lan para tumênggung | lampahe baris abayak ||

17. tan adangu wus kaèksi | pacalanging mungsuh nulak | Pangeran Purubayane | lan kang rayi gya têngara | tambur bèri sauran | bêndhe kèh sarêng tinabuh | kadya kongkang kaleberan ||

18. wus prapta bala Kumpêni | anèng Têgal Kapopongan | ayun-ayunan barise | mantri sèwu numbakanyar | mangsit gèning pangeran | tan wangwang sigra tinêmpuh | Kapitan Usar lan Bagrak ||

19. rame campuh anadhahi | prajurit Kapurubayan | bêdhil gumuruh swarane | tinêngêr gèning pangeran | bayak panêmpuhira |

--- 21 ---

sangsaya katon kadulu | barise pating karoyag ||

20. tan atolih kanan kering | amung ênggèning pangeran | sampun kalingkab barise | barise sakin anêngah | Kumpêni ngungkih rampak | tan tahan pangeran kundur | tan ana wani nusupa ||

21. marang êdrèle Kumpêni | amung sanggupe kewala | praptèng êndon kuwur kabèh | bubar mawur kabalasar | prajurit Kapurbayan | wus sêmpal pangawatipun | anggêrus lajêre dhadhal ||

22. Pangeran Purubayèki | binabujung wus kaprêmak | giwar nisih waluyane | ngetan malêbêt ing wana | balane rêbut paran | Tarnite miwah dragundur | pambujunge sampun têbah ||

23. kèndêl Kapopongan sami | baris samya pamondhokan | Tumênggung Arungbinange | nuduh ingkang maspadakna | wau kèndêling mêngsah | kapitan kalih lumaku | mring pondhok Arungbinangan ||

24. ki tumênggung maksih sakit | manggihi turon kewala | Kapitan Bagrak wuwusa | ki tumênggung kira dika | pundi ênggèning mêngsah | ki tumênggung lon sumaur | rencang kula dèrèng prapta ||

25. ingkang kula kèn tut wuri | anitik kèndêling mêngsah | yèn praptantuk pratelane | kula wèh wêruh mring dika | angling malih kapitan | lan malih tuwan tumênggung | kadipundi karsandika ||

26. aprakara goning baris | pundi ecane tyas dika | ki tumênggung lingiralon | inggih tuwan pêlan-pêlan | sampun [sampu...]

--- 22 ---

[...n] andika susah | antèkna samangke dalu | lagi sun pikir prênahnya ||

27. kapitan kalih wus mulih | sinapu kang diwangkara | myang ngôndakara membane | saking udaya marwata | riyêm-riyêm prabanya | mapag karang tumruna wus | wancine kang tabuh astha ||

28. among cipta wigêna wit | Ki Tumênggung Arungbinang | winênêd wungu driyane | angayuh pamênêng wayah | sirêp swara-swaranya | wadya sabarisan agung | marutaris rarasiyan ||

29. sumêr raras narik amrik | prapta Dyah ing Bulusapta | tumênggung nyandhak astane | abêbisik praptanira | katutuh rika uga | mulane ta rika iku | ana dhêndhaning Hyang Suksma ||

30. kagyat karaos ing galih | Ki Tumênggung Arungbinang | langkung kapranan driyane | dadya mêminta aksama | risang amurwèng daya | eklas ing rèh alon muwus | ngêndi prênah baris ingwang ||

31. alon dènira nauri | wau Dyah ing Bulusapta | rika jaka Walandane | baris desa Palaosan | kurang sapisan êngkas | pangalihe baris iku | lan rika mêmarènana ||

32. ywa aduwe tyas sak sêrik | aywa ngônta-ônta sira | akira-kira ing akèh | rika wakiling narendra | jênêngi ing ayuda | budi dèn amot dèn mêngku | wong lanas ananggung naas ||

33. wong balicik bok kacêlik | nora bêcik barang karya | wong sabar kèh pêpatine | wong maklum salamêt uga | kèh wêlas akèh trêsna | namakkên [na...]

--- 23 ---

[...makkên] karyaning ratu | têpa-têpa têtêpana ||

34. Dyah ing Bulugangsalkalih | wus nêlas pituturira | tumênggung tyase sumêdhot | sumilih ing sokurêna | kumambang ing wisesa | kaluhuran sabdanipun | wus pamit Dyah Bulusapta ||

35. mangkana saungkurnèki | raina tatas kamatyan | tumênggung anulya age | nimbali Kartalêksana | prapta lajêng dinuta | kakang tutura dèn gupuh | ya marang Kapitan Bagrak ||

36. bodhola sadina iki | pacak baris Palaosan | Kartalêksana lampahe | wus panggih Kapitan Bagrak | miwah Kapitan Usar | tinêmbungkên wêlingipun | Ki Tumênggung Arungbinang ||

37. kapitan kalih nulyaglis | têngara tambur gumêrah | miwah prajurit Tarnite | sagung wadya pabarisan | samêkta sigra budhal | miwah sira Ki Tumênggung | Arungbinang munggèng wuntat ||

38. Tumênggung Wiradigdèki | lan Tumênggung Natayuda | miwah sakônca mantrine | praptanira Palaosan | wus tata pamondhokan | panggènan Walandinipun | rinakit loji wus dadya ||

39. sawusnya tata kang baris | Kapitan Bagrak rêmbagan | lan para tumênggung kabèh | arsa anggitik kang mêngsah | mrih jêmbar kang jajahan | Pangeran Purubayèku | dhusun Tapèn kèndêlira ||

40. nanging gêlaring ajurit | Pangeran Arya Purbaya | angangsahakên riwuke | punggawanira sinêbar | angalangi jajahan | ing wurine baris agung | kang wus kapungkur dèn ambah ||

41. wadya sagung pra dipati |

--- 24 ---

Ki Tumênggung Arungbinang | Kapitan Bagrak lingnyalon | kadipundi saudara | mungsuh mêngsah akathah | kanan kering miwah pungkur | ngling Tumênggung Arungbinang ||

42. sampun kathah dika pikir | punika riwuk kewala | dika buhke kula dhewe | mung ta sawiji kewala | Pangeran Purubaya | wontên Tapèn barisipun | andika pukul ing benjang ||

43. nanging têlik kula prapti | pangran badhe mangsah gêlar | yèn dika larag gêlare | sakilèn Tapèn punika | têlas sabine bêra | sukêtipun angrêmbuyut | pan sadêdêg inggilira ||

44. ingkang badhe dèn dhêkêmi | kanan kering prajuritnya | yèn andika prapta kono | giyak angamuk nyêkuthak | pasthi Kumpêni rusak | wondening pangeranipun | amor anunggil pangawat ||

45. badhe gitik saking kering | yèn dika wus cinakuthak | punika tuwan ecane | kuthiting mungsuh kawruhan | tuwan wêwêkas kula | yèn mèh prapta mungsuh agung | ngriku dika roning kamal ||

99. Sinom

1. dika mandhêg rungak-rungak | dika api-api wêdi | dipun rada kulithihan | pasthi dhêkêmane sami | yèn dika katon wêdi | bungah giyak padha mêtu | dika êdrèl sapisan | anuli dika inggati | dika sêrot pangerane nèng pangawat ||

2. sampun dika taha-taha | puniku atine kêcil | boya tiru ingkang raka | Susunan Amangkubumi | dika palêtêr wani | puniku banjur lumayu | Tumênggung

--- 25 ---

Wiradigda | gèdhèg mèsêm dènira ngling | lagi tumon wong Jawa muruk Walônda ||

3. aprakara ing ayuda | Si Arungbinang kaya jim | gumujêng Kapitan Bagrak | beta sukak punya hati | bêtul rang cari baik | pasthi beta pake itu | gumêr kang pra dipatya | kapitan têngara aglis | sigra budhal sagung gêgaman kang nglarag ||

4. Tarnite tumut sadaya | Arung Galèngsong nindhihi | sapalih Kumpêni Islam | Kumpêni kang putih nênggih | saduman ingkang kèri | rong duman kang sami tumut | dene kang pra dipatya | samantrine tumut sami | ingkang kantun mung Tumênggung Arungbinang ||

5. kalawan samantrinira | ambagi kang para mantri | Ki Tumênggung Arungbinang | mantrine ingkang tinuding | kinèn mangkat tumuli | kinèn anglanggara mungsuh | kang dadi riwuk samya | winatara bobotnèki | lawan sarta sanggupe ingkang lumampah ||

6. kang kantun ing pabarisan | ki tumênggung ngati-ati | kalawan Kapitan Usar | prajurit ingkang turanggi | sèkêt ingkang kinardi | ngubêngi pondhok nguk-anguk | kulon kalawan wetan | angrolas lor kidul sami | kawuwusa Kumpêni ingkang anglarag ||

7. sakilèn Tapèn wus prapta | mungsuh wus samya miranti | munya têngara sauran | amapag dènira baris | nênggih ingkang dhadhani | Tumênggung Cakrajayèku | kiwa Kartanagara | pangawat têngênirèki | pan anamur Pangeran Arya Purbaya ||

--- 26 ---

8. lawan kang Rayi Pangeran | Mangkukusuma anunggil | Kumpêni wus mangsah rampak | pangawat kiwanirèki | Wanayuda kinardi | sakancane tuwaburu | têngên wong numbakanyar | dene ta tumênggung kalih | nunggil lawan Kumpêni wontên ing jaja ||

9. Kumpêni wau angsahnya | prapta ing ngajêngirèki | pasukêtan kang kinarya | dhêkêm anyimpên prajurit | kèndêl bala Kumpêni | sami rungak mangu-mangu | ana akulithihan | emut wau dèn ugêmi | sawêlinge Ki Tumênggung Arungbinang ||

10. kang mungsuh sami wuninga | kèndêla bala Kumpêni | kang andhêkêm wus uninga | kinira Kumpêni ajrih | sami giyak mêtoni | saking pandhêkêmanipun | Kumpêni wus pratela | kang andhêkêm wus kaèksi | wong agêlar wêkasan kêna ing gêlar ||

11. wus cêlak melok ngêdrelan | dèn byuk dèn urugi mimis | tan ana wani nusupa | kapiran mila kèh kêni | bêlasah kèh ngêmasi | nulya tinilar bêbujung | Pangeran Purubaya | tinitir sinêrot wani | gulagêpan binendrongan ing sanjata ||

12. pinistul Kapitan Bagrak | mèh kêdhik pangeran kêni | gundam lumajêng anggiwar | kininthil manjing wanadri | misah lan wadyanèki | niba tangi nusup-nusup | Kumpêni wangsul samya | mring wau duk kawit jurit | kang kinarya gêlar dhêkêm têtumpêsan ||

13. Kumpêni panilarira | bujung Pangran Purbayèki | kang namur anèng pangawat | ing wuri dhêkêman sami | Tarnite [Tar...]

--- 27 ---

[...nite] kang ngamuki | tumpêsan kêdhik kang kantun | gêlaran sirna lêbar | wau dhadhane dèn usir | anadhahi sabrang lèpèn bêbêdhilan ||

14. Kurnèt tatu alisira | nênggih tan ngunakarani | Cakrajaya sinabrangan | Kurnèt langkung muring-muring | Cakrajaya wus têbih | Kumpêni prasamya wangsul | praptane Palaosan | parêng wanci asar inggil | pêpanggihan lan Tumênggung Arungbinang ||

15. tutur lamun kalampahan | barang sawêlingirèki | Ki Tumênggung Arungbinang | sami gumujêng kapyarsi | Kyai Rungbinang sidik | nênggih ing wêktu puniku | wau mriyêm kabandhang | duk aprang ing Ngambal nguni | pinanggihe duk baris ing Palaosan ||

16. kunêng Pangeran Purbaya | ênggène sampun anêbih | Kadêmèn ing Banjardawa | anêdya umagut malih | tan bisa ngancik malih | Kadêmèn sampun karêbut | mring Tumênggung Rungbinang | Sang Pangeran Purbayèki | langkung tiwas dènira amangun yuda ||

68. Sunan Kabanaran anglajêngakên tindakipun Badhe Anggêcak Nagari Pakalongan

17. ya ta malih winursita | lampahe sri narapati | Susunan ing Kabanaran | kang arsa gêcak pasisir | sarêng ing lampahnèki | nanging ta gantya winuwus | budhal sawadyanira | saking

--- 28 ---

Talagawanèki | masanggrahan anèng dhusun Palembungan ||

18. Kêdhu pra dipatinira | Natèng Kabanaran nênggih | nglêlèdhèk baris Cacaban | Tumênggung Wiradigdèki | lan Môndaraka malih | myang Tumênggung Singaranu | Tumênggung Mangkudirja | Tumênggung Ngurawan nênggih | Natawirya kalawan Tirtawijaya ||

19. Tumênggung Jagaulatan | Radèn Mangkuwijayèki | Rahadèn Mangkudiwirya | Radèn Mangunkusumèki | ing Cacaban prasami | lojine kinêpung wakul | dalu pinarêpêkan | tuhu tan kêna ingungkih | kèh Walônda palayon saking Ngayoja ||

20. tigang atus Kumpêninya | lawan mayore kêkalih | Mayor êkop lawan sira | Mayor Sakèbêr satunggil | Kumpêni Bugis Bali | lan Makasar kawan atus | Bupati ing Mataram | Ki Tumênggung Rajaniti | lawan sira Tumênggung Rajamênggala ||

21. pasisir bupati papat | Dêmak Kêndhal Lèpèntangi | Tumênggung Kêdhu satunggal | Tumênggung Mangkuprajèki | mung kanthi para mantri | kêkalih tumênggungipun | dèrèng mantuk laminya | wontên ing Pagêlèn sami | Wiradigda lan Tumênggung Natayuda ||

22. Tumênggung Pajang satunggal | bêbalikan masih nunggil | Tumênggung Malangnagara | kathah kang para dipati | mila tan kêni ngungkih | lan kathah Kumpêninipun | mariyême lêlima | santosa gène lêloji | lamun dalu angsahe kang pra dipatya ||

23. prajurite tan katingal | amung swarane kapyarsi | dadya Kumpêni nanjata |

--- 29 ---

ngatêr pelor gutuk api | pan kadya dèn obori | mungsuhe samya kadulu | sinungsun mariyêmnya | mungsuh kathah ingkang kêni | samya nêbah tan purun wontên parêka ||

24. wau ingkang kawuwusa | kontrage nagri pasisir | lamun Natèng Kabanaran | badhe anggêcak pasisir | dêdamêle lumaris | wadyane ngalun gumulung | saking ing Palimbungan | wus budhal angalor sami | anggêgubah jabanrangkah ing Têmpuran ||

25. kèndêl anata kang wadya | angasokakên prajurit | anèng tanah jabanlawang | gugup Idêlèr Samawis | utusan marang Têgil | kinèn amanggila gupuh | wong Tarnite sadaya | lan Kapit Usar sami |Kurang satu suku kata: lan Kapitan Usar sami. kang karia Pagêlèn Kapitan Bagrak ||

26. lan Tumênggung Kêdhu samya | kêkalih kang kinèn mulih | maring Kêdhu anunggila | kang sêrat sampun lumaris | kang sami dèn timbali | sigra-sigra budhalipun | ing marga tan winarna | sapraptanira Tatêgil | linajêngkên tugur nagri Pakalongan ||

27. Ki Tumênggung Wiradigda | lawan Natayuda prapti | ing Kêdhu duk patang dina | tinungkak caraka prapti | angenggalakên nênggih | Sakèbêr lan sawadyagung | Mayor Kop lawan Sungrat | kang baris Prambanan sami | lan Kapitan van dar Pol lan Ludnan Kulman ||

28. tan nganti sikêp kêrigan | kang amikul obat mimis | obat dèn obong kewala | pirang-pirang tong binasmi | gugup budhalirèki | sampun atinggal ing Kêdhu | langkung gênging gêgaman | sapraptanira [sapraptani...]

--- 30 ---

[...ra] Samawis | linajêngkên abaris sakilèn Kêndhal ||

29. lan wong pasisir sadaya | dènira baris Walèri | liya bupati sadaya | tugur nagari Samawis | duk baris ing Walèri | Kop gring lajêng pêjahipun | amung kantun satunggal | Mayor Pèbêr Senapati | Pakalongan sampun binanton Walônda ||

30. satus mêdal ing lautan | Kumpênine jalan kaki | sapraptaning Pakalongan | baris wismaning dipati | anunggil dènnya baris | lan Tarnite kawan atus | rêsah sami ngrêrayah | Jayaningrat Adipati | nora kandêl puniku sanaking mêngsah ||

31. lawan dèrèng asêsaba | Susunan Amangkubumi | mring pasisir kulon ika | mung wetan sêsabanèki | ing mêngko anêkani | sayêkti iku tinuntun | mring kang duwe nagara | duk baris Kêdhu rumiyin | Jayaningrat mungsuhe tan ana nglawan ||

32. milane Tarnite rêsah | beka kang duwe nagari | Adipati Jayaningrat | barisira wus umijil | bêkta bupati kalih | ing Batang Wiradisèku | kidul wetan nagara | gènira apacak baris | padhusunan Madayu Bèji barisnya ||

33. Adipati Jayaningrat | ngaturi srat nêdah margi | ingkang anjog ing nagara | anulya matah bupati | kang kinèn anglêboni | mring Pakalongan rumuhun | Tumênggung Jayadirja | Dipati Suryanagari | binêktanan salawe wong suranata ||

34. mantri pinilih sadaya | dene kang kinèn nambungi |

--- 31 ---

Mas Rôngga WirasatikaWirasêtika. | salin gêlaring lumaris | Mas Rôngga dèn bêktani | sagunging saragni cênthung | lan prajurit nirbaya | kalawan jagabayèki | martalulut kalawan singanagara ||

35. wau kang tinuduh ngarsa | manjinga nagri rumiyin | Dipati Suryanagara | Tumênggung Jayadirjèki | sigra manjing nagari | dêrojog mring alun-alun | Kumpêni sampun tata | sami baris jalan kaki | samya kagyat undure anata bala ||

100. Durma

1. kacakuthak Dipati Suryanagara | Tarnite amiyosi | anèng kidulira | lun-alun Pakalongan | lêlurung pemahan sami | ajêng-ajêngan | lajêng campuh ing jurit ||

2. mangsah dharat Dipati Suryanagara | Tumênggung Jadirjèki | sami ngamuk dharat | wus campuh ing ayuda | Arung Galengsong nindhihi | Dhaèng Bêrsudhak | Manglewa lan Mapêgif ||

3. sarêng gapruk caruk rok sami sukanya | Tumênggung Jadirjèki | sami ngêmbat watang | Radèn Suryanagara | ngamuk watange pinusthi | Tarnite tadhah | rame caruk ing jurit ||

4. wong Tarnite kumreyab mung lêmbing kantar | gêgamaning prang cundrik | ngamuk lan kulewang | Tumênggung Jayadirja | Dipati Suryanagari | saprajuritnya | nadhahi sru anitih ||

5. kari caruk wong Tarnite kathah pêjah | lêmbing tan angudhili | miwah tamèng kantar | tan pakantuk ing aprang | gêgaman prajurit Jawi | apanjang-panjang | mila sami nglorogi ||

6. sira Dhaèng Bêrsudhak rukêt [ru...]

--- 32 ---

[...kêt] prangira | lawan radèn ngabèi | gih Mangunnagara | rame sêndhal-sinêndhal | Mangunnagara cinundrik | Dhaèng Bêrsudhak | ginoco lambungnèki ||

7. sarêng pêjah Bêrsudhak Mangunnagara | sarêng sampyuh gumlinting | wau kawistara | nuju panunggilira | sira Dêmang Gondhangrawing | Gonggangdhalungan | lan Dêmang Rajêgwêsi ||

8. kilènipun Ki Tumênggung Jayadirja | Ki Dêmang Gondhangrawing | jêlèh tur uninga | hèh Kyai Jayadirja | rayi andika ngêmasi | Mangunnagara | pêjah wor Dhaèng Bugis ||

9. Ki Tumênggung Jadirja asru ngandika | kang raka ana ngêndi | Rahadèn Dipatya | Suryanagara prangnya | matur Dêmang Gondhangrawing | wetan punika | nunjang pêngawat keri ||

10. mangsah ngamuk Ki Tumênggung Jayadirja | lan para dêmang katri | kadya singalodra | krura pangrêbutira | kunarpa Radèn Ngabèi | Mangunnagara | rinubung kapat Bugis ||

11. tinarajang mring Tumênggung Jayadirja | kalih tinumbak mati | kêkalih wus pêjah | kairas para dêmang | Dipati Suryanagari | sigra miyarsa | yèn kang rayi ngêmasi ||

12. pêjah awor kalawan Dhaèng Bêrsudhak | wau Kyai Dipati | Suryanagarenggal | ngilèn sigra wus prapta | ênggèning pêjah kang rayi | kunarpanira | wus panggih dèn adhêpi ||

13. mring Tumênggung Jadirja lan katri dêmang | kunarpa datan kongsi | wau karisakan | wau sang adipatya | nyampingira dèn uculi | wusnya [wu...]

--- 33 ---

[...snya] nguculan | linurubakên aglis ||

14. mêngsah nunjang wong Jawa wuri kèh prapta | wau tumênggung kalih | saprajuritira | Tumênggung Môndaraka | Tumênggung Wiradigdèki | lajêng campuh prang | Tarnite dèn tadhahi ||

15. lan Kumpêni dharat sru pangêdrèlira | lir rug swaraning bêdhil | ramening ayuda | surak kadya ampuhan | wong tambur bêndhe gong bèri | kadya dhawuhan | bêdhah anggêgêtêri ||

16. Ki Tumênggung Môndraka tatu wêntisnya | lan Jayèngrana kanin | sami sanalika | wau kang bôndayuda | nèng alun-alun Kumpêni | wadyèng Mataram | prajurit pra dipati ||

17. samya kèndêl jawi lun-alun gènira | wawas-winawas sami | wau ingkang prapta | Pangran Adiwijaya | nging datan mênangi jurit | kunarpèng rowang | kiniwakakên sami ||

18. praptèng malih Mas Rôngga Wirasêtika | lan prajurite sami | ingkang tinindhihan | sagung wadya kaparak | lan pra dipati wus panggih | patakèn sulang | wau kanthining jurit ||

19. matur marang Pangeran Adiwijaya | Mas Rôngga awotsari | yèn rêmbag punika | lawan karsa sampeyan | miwah sagung pra dipati | sami kèndêla | nênggih taksih nèng ngriki ||

20. kula ingkang ngupaya margi boboka | anglambung saking kering | mangke yèn angsala | miwah saking ing wuntat | sampun wontên mangsah jurit | yèn dèrèng kula | tuk marga nêmpuh jurit ||

21. sampun dadya rêmbag Mas [Ma...]

--- 34 ---

[...s] Rôngga anulya | angetan kang dèn irid | prajurit kaparak | nirbaya jagabaya | wirabraja lan saragni | lan brajanala | mung punika prajurit ||

22. ingkang kathah-kathah prajurit kaparak | kinèn angilèn sami | ngupadosa marga | yèn antuk angalèra | Mangunkusuma têtindhih | sarêng kang lampah | kang ngetan ngilèn sami ||

23. lampahipun nalêsêp turut pomahan | waos cinoncong sami | miwah kang sanjata | wênèh wus narik pêdhang | adangu wus manggih margi | margi rêratan | lêmpêng kang ngilèn sami ||

24. ingkang ngetan Mas Rôngga Wirasêtika | mêdal ing lurung nuli | cangkelak tan eca | kadohan angsahira | malêbêt pomahan malih | mingêr mangrêsak | mêdali saking wuri ||

25. bêdhah jaro Mas Rôngga Wirasêtika | anêmpuh saking wuri | kilèn nusul mangsah | kidul sarêng uninga | yèn Mas Rôngga nêmpuh jurit | kang pra dipatya | giyak sarêng mangungkih ||

26. têmpuh rampak ngarakit kang pra dipatya | Kumpêni angêdrèli | ingkang saking wuntat | Rôngga Wirasêtika | pangamuke ngobrak-abrik | bingung sakala | rukêt dènnya nadhahi ||

27. caruk uwor jalan kaki prange panggah | Tarnite mobat-mabit | wadya lêng-ulêngan | Tumênggung Môndaraka | lan Wiradigda kang kanin | Suryanagara | punggawa katri kanin ||

28. lan Mas Rôngga Wirasêtika walikat | pinistul saking wuri | kèndêl sanalika | ing prang sapih sakala |

--- 35 ---

sami mangune kêkalih | taha-tinaha | prasami ngati-ati ||

29. pan pinêlak katutuh gustine prapta | dinangu kang ajurit | yèn kathah kang tiwas | kanin kang pra dipatya | Mangunnagara ngêmasi | pun Jayèngrana | kang sami nandhang kanin ||

30. duk miyarsa Sri Bupati Kabanaran | punggawa akèh kanin | lan prajuritira | suranata sakawan | pêjah uwor lan Kumpêni | Radèn Dul Salam | lan Ki Mas Kêrtanudin ||

31. miwah Radèn Dunwaka Ngalimuntaha | lan Mad Nur Marjansari | kang tatu têtiga | kalawan Mas Dunyaka | katiga Kenthol Nur Ali | pinggir talingan | ingkang kêna ing bodhik ||

32. anakipun Tumênggung Jayasudirja | ingkang pêjah ing loji | Nur Ali punika | tiga sadhèrèkira | kang sami jalu anunggil | sami kinarya | suranata anunggil ||

33. kathah ingkang para sutaning dipatya | kang kinarya prajurit | nênggih suranata | miwah kang lêlungsuran | pra dipati nguni-uni | Tumênggung Dêmak | Kyai Wirasastrèki ||

34. kadangira Ki Dipati Sindurêja | pêjahe ki dipati | wau kadangira | Tumênggung Wirasastra | suwita Sunan Matawis | lajêng kinarya | suranata prajurit ||

35. pinaringan nama Kiyai Dul Jalal | kinarya juru tari | Natèng Kabanaran | sabarang ingkang karsa | Ki Ngabdul Jalal tinari | mêwahi suka | myarsa barang turnèki ||

36. duk puniku Susunan ing Kabanaran | langkung bramantyèng galih |

--- 36 ---

dene pra dipatya | kathah kang nandhang brana | myang prajurit para mantri | têtatunira | prasami sawatawis ||

37. mung tatune Mas Rôngga Wirasêtika | angrêm mimisirèki | sagung kang kabranan | ngadhêp ing gustinira | prasami dèn usadani | wus ginantenan | kathah lajêng basuki ||

38. walikate Mas Rôngga pinijêt sigra | mimis kang angrêm mijil | waluya sadaya | nuwun amagut sigra | Pangran Adiwijayèki | alon turira | ing rayi sri bupati ||

39. sampun dalu tanggêl yèn maguta pêrang | Tarnite lan Kumpêni | wus anabrang samya | lor kali sami nabrang | nèng kêbon gêdhong Kumpêni | sami amapan | Tarnite kang dèn ungsi ||

40. gêdhong bêras aluwung enjing kewala | ngandika sri bupati | kakang mas sampeyan | kasub wong ing Mataram | duk prang Pajarakan nguni | môncanagara | inggih prang lawan Bugis ||

41. têtindhihe Mataram panji ngrêsula | rintên kawon wong Bugis | wong Mataram lena | dalu angeca-eca | Tarnite dalu dhatêngi | wadya Mataram | kawon ingamuk bêngi ||

42. prang lan Bugis botên kêni ginagampang | jayane ngamuk bêngi | ping kalih punika | kalamun botên kalah | inggih sawêngi puniki | bantune prapta | ing Têgal ing Samawis ||

43. sakathahing rêmbag kaluhuran sabda | sayêkti sri bupati | wêweka prayoga | dadya anut sadaya | wus ambêndhe sri bupati | tambur gumêrah | surak awor gong bèri ||

--- 37 ---

44. bakda isa umangsah wadya Banaran | sang nata wus manginggil | amanggih sabrangan | ingkang kêna cinacab | wong suranata pinilih | kang sampun nabrang | mungsuh dèrèng udani ||

45. maksih rame nadhahi lêt lèpèn samya | rame bêdhil-binêdhil | kang kidul gumêrah | mêdal Tarnite samya | miwah prajurit Kumpêni | tata wus mêdal | tarap pinggiring kali ||

46. nora wêruh yèn sang nata sampun nabrang | wong sawidak watawis | lajêng nêmpuh nunjang | nubruk saking ngiringan | kagum sampun ponthar-panthir | barise rusak | ingamuk bosah-basih ||

47. sakarine pêjah prasamya lumajar | ngungsi gêdhong bras malih | miwah Kumpêninya | ngungsi ing gêdhong bêras | wontên sapuluh kang kari | kang sangang dasa | tumpês prang kaping kalih ||

48. pra dipati wruh ratune sampun nabrang | pating balêbêr sami | prajurit kaparak | kang margi ngilèn samya | nut margine sri bupati | kang pra dipatya | samya gêbyur ing kali ||

49. ana ramon jaro ana ramon êmpyak | êmpyak gêdhogan sami | ana bango pasar | binêkta mring bêngawan | ajrih kantuna ing gusti | tuntas sadaya | nabrang sagung prajurit ||

50. lajêng sami angêpung ing gêdhong bêras | Bugis karine mati | wontên sangang dasa | katri atus sadasa | wus tumpês ing prang sakenjing | kang kantun samya | ngungun ing solah kingkin ||

101. Asmaradana

1. mangkana sri narapati | nimbali [ni...]

--- 38 ---

[...mbali] Bugise lama | Kapitan Juwana rane | kang ingutus angantêpa | basuki apa rusak | apa karêpe wong iku | ingsun anurut kewala ||

2. Kapitan Juwana aglis | tur sêmbah sigra lumampah | ngrasuk kaprajuritane | wus cêlak lan gêdhong bêras | wontên ing korinira | cara Bugis nguwuh-uwuh | wau Kapitan Juwana ||

3. Karaèng Galèngsong nuli | takèn ing Dhaèng Manglewa | sapa nguwuh-uwuh kae | Bugise Rajèng Mataram | mara undangên enggal | Dhaèng Malewa gya mêtu | ngirid Kapitan Juwana ||

4. wus atata sami linggih | muwus Kapitan Juwana | dhawuhakên timbalane | ing gusti sri naranata | angantêp marang sira | Galèngsong ing sêdyanipun | apa hidhup apa pêjah ||

5. Galèngsong alon nauri | witing ingsun nêdya gêsang | nanging maras ing tyas ingong | bok datan antuk apura | marang Rajèng Mataram | dene kèh prajuritipun | kang mati prang lawan ingwang ||

6. ya wong ingsun mati jurit | têlung atus lan sêsanga | lamun ana apurane | yèn sira nanggung maring wang | ingsun sêdya suwita | Kapitan Juwana muwus | pasthi ngong ingkang nanggunga ||

7. anulya binêkta mijil | kabèh saking gêdhong bêras | wus prapta ngarsa sang katong | prasami nêmbah pra nata | cara Bugis sêmbahnya | suka umiyat sang prabu | budhal saking gêdhong bêras ||

8. Galèngsong wus kinèn nunggil | lawan [la...]

--- 39 ---

[...wan] Kapitan Juwana | dèrèng wontên timbalane | benjang yèn sampun atata | yêkti pinarentahan | budhalira sang aprabu | masanggrahan dalêmira ||

9. Jayaningrat Adipati | enjinge mijil sineba | nimbali pra dipatine | aglar sang nata ngandika | andangu ênggènira | si adhi ngêndi gonipun | umatur Suryanagara ||

10. rumiyin barise Bèji | sarawuh dalêm punika | ing wêwarti nêbih gène | sang nata alon ngandika | iki ing karsaningwang | sun tinggal kuthane iku | sun makuwon jaban kutha ||

11. ingsun makuwon ing Bèji | Dipati Suryanagara | sira karia nèng kene | jroning nagri Pakalongan | kang sun kanthèkkên sira | bupati papat puniku | Si Tumênggung Môndaraka ||

12. Tumênggung Wiradigdèki | Si Tumênggung Pusparana | Tumênggung Mangkudirjane | lan papat pra mantri ngarsa | Dêmang Gonggang Galungan | lan Dêmang Bulu Kumêndhung | lan Tambak Tênewung Dêmang ||

13. lawan Dêmang Gondhangrawing | iku yayi karsanira | upayanên dipun age | iya kang duwe nagara | Dhimas Radèn Supama | yèn panggih ajakên gupuh | aseba mring jênêng ingwang ||

14. Suryanagara wotsari | dyan têngara sri narendra | budhal sawadyabalane | Mas Rôngga Wirasêtika | Tumênggung Jayadirja | sapunggawa kang rumuhun | wus angrakit pasanggrahan ||

15. sang nata wus munggèng Bèji | gumuruh kang balakuswa | kang sami tata pakuwon | sang nata wus masanggrahan |

--- 40 ---

kunêng gantya winarna | kang kantun nèng praja tunggu | Dipati Suryanagara ||

16. lawan kinèn angulati | mring Dipati Jayaningrat | lan punggawa sakancane | wus panggih wong bumi nulya | ature tinakonan | anèng wana Sapugarut | Adipati Jayaningrat ||

17. ngalêmpak tigang bupati | Ki Tumênggung Wiradesa | Tumênggung Batang malihe | lan saputra garwanira | ngumpul dadya satunggal | anèng wana Sapugarut | wau kalane miyarsa ||

18. Dipati Suryanagari | nênurat sinungkên sigra | wong bumi ingkang kinèngkèn | wus mêsat wuri siyaga | Radèn Suryanagara | kalawan kapat tumênggung | sami lampah lêlancaran ||

19. mung bêkta bala kêkalih | dadya kuda kalih wêlas | lampahe nungkak layange | dene sagung prajuritnya | sami kinèn barisa | ngurmat baris ngalun-alun | wau lampahe kang sêrat ||

20. ing Sapugarut wus prapti | katur marang Ki Dipatya | Suryanagara surate | tinupiksa wus kadriya | wus asrêp ing tyasira | mantri kinèn nganguk-anguk | prapta kuda kalih wêlas ||

21. gugup wau sang dipati | praptane duta punggawa | wus mêdhun saking kudane | andhawuhakên parentah | sawusnya rêrangkulan | gumuyu jagur-jinagur | katon duk kartaning jaman ||

22. sawusnya atata linggih | datan kongsi adhadharan | budhal sagarwa putrane | bupati katri punika | wadyane winatara | gung alit [a...]

--- 41 ---

[...lit] pan kalih èwu | lampahe praptèng nagara ||

23. urmat lun-alun abaris | sêsiyung prajuritira | nênggih catur punggawane | wus masuk ing dalêmira | Dipati Jayaningrat | Radèn Suryanagarèku | pakuwon paseban jaba ||

24. dalu-dalu tur upêksi | Rahadèn Suryanagara | bupati ingkang kinèngkèn | Ki Tumênggung Mangkudirja | tur uningèng narendra | lamun ingkang rayi sampun | praptèng nagri Pakalongan ||

25. ngandika sri narapati | mring Tumênggung Mangkudirja | balia sira dèn age | warahên lêlurahira | Adhi Suryanagara | kon gawa marene esuk | punggawa kang nungkul samya ||

26. wus mêsat saking ngarsaji | Ki Tumênggung Mangkudirja | asigra-sigra praptane | ing kitha dhawuhkên nulya | timbalan kang pitungkas | katri punggawa kang nungkul | kumrêsêk dandan bongkokan ||

27. kunêng dalu prapta enjing | budhal saking ing nagara | anèng ngarsa bongkokane | asêlur awor sugata | baris ing pasanggrahan | ngundhangan baris sêsiyung | sawadyanira sang nata ||

28. wus rinadin dèn bêrsihi | pangarsaning pasanggrahan | andhêndhêng abra barise | lir panjrahing giri padma | abra sinang ambranang | prajurit busananipun | yayah bêsmining parbata ||

29. sapraptanira ing Bèji | pangirid Suryanagara | sri bupati sampun miyos | munggèng tarub pasanggrahan | sang nata abusana | sasongkok rênggèng mas tatur | pinindha krun kang winuryan ||

30. murwèng busananira [busana...]

--- 42 ---

[...nira] sri | ingkang anungkul katingal | gumuruh munya kêndhang gong | bêndhe bèri asauran | kadya angsahing yuda | Carabalèn Galaganjur | angungkung Munggang angangkang ||

31. tinuduh punggawa kalih | Mas Rôngga Wirasêtika | Tumênggung Jayadirjane | mêthuk jawi barisira | wus sami sêsalaman | ingiringakên wus laju | praptaning tarub wangunan ||

32. ingawe pangandikaji | adhi mas sira banjura | marang ngarsaningsun kene | sigra mangsah prapta ngarsa | lajêng angrangkul pada | sang dipati sênggruk-sênggruk | munya drèl jawi gumêrah ||

33. sawusnya sirêp kang bêdhil | gong bèri sirêp sadaya | tambur miwah sarunine | sang nata alon ngandika | adhi mas salamêtan | mundur kêdhik matur nuwun | ing sawabe padukendra ||

34. umatur saha wotsari | Adipati Jayaningrat | pukulun inggih sang katong | abdi tuwan kalih pisan | pun Batang Wiradesa | samya bêkti ing pukulun | alon ngandika sang nata ||

35. padha konên maju adhi | bupati kalih gya mangsah | anungkêmi pada katong | Dyan Dipati Jayaningrat | mangsah atur pranata | Pangran Adiwijayèku | adhi mas basuki padha ||

36. mangkana Sang Adipati | Jayaningrat aturira | angaturi ing sang katong | têdhaka makuwon kitha | ing nagri Pakalongan | anuruti sang aprabu | sigra angundhangi bala ||

37. saksana budhal sang aji | gumuruh sawadyakuswa |

--- 43 ---

praptaning praja sang katong | masanggrahan dalêmira | Dipati Jayaningrat | sagunging balawadyagung | sami tata pamondhokan ||

38. sang nata enjing tinangkil | aglar satriya punggawa | sagung mantri prameyandhèr | Adipati Jayaningrat | jinunjung namanira | pangeran jêjulukipun | Arya Anatakusuma ||

39. Tumênggung Cakrajayèki | Batang ingalih kang nama | Tumênggung Danurêjane | Jayèngrana Wiradesa | ingalih namanira | Tumênggung Amongprajèku | wontên pêpatih ing Batang ||

40. tiyang saking Surawèsthi | pinundhut marang narendra | pun Sindujaya namane | sampun kinulawisudha | jinunjung namanira | sinungan nama tumênggung | Tumênggung Sindunagara ||

41. kinèn minôngka pêpatih | ing Pangran Natakusuma | ing Lojami salawase | kinarya mijèn Walônda | mangke pinaringêna | nênggih ing Lojami sèwu | Tumênggung Sindunagara ||

42. angrèh sagung para mantri | para Mantri Pakalongan | miwah astha manggalane | wêwolu mantri pangarsa | tumut Sindunagara | dadya awak-awakipun | ing Pangran Natakusuma ||

43. anakira Ki Dipati | Jayaningrat ingkang pêjah | dadya kaprênah ipene | ing Pangran Natakusuma | kauningan sang nata | namanira Mas Kalêmuk | ing mangkya pinaring nama ||

44. sinung nama radèn nênggih | Ngabèi Jayakusuma | dene ta Arung [A...]

--- 44 ---

[...rung] Galèngsong | sinung nama Radèn Rôngga | Mangure namanira | Dhaèng Manglewa wus sinung | Mas Dêmang Bondhan Arungan ||

45. wus kinèn maringi sabin | mring Radèn Suryanagara | rong atus mêtu sikêpe | kang gawa sadarbèkira | pan lagya sawah tundhan | pêparêntah sang aprabu | ing Pangran Natakusuma ||

46. kinèn nglampahakên baris | ngawali mungsuh kang wetan | ingkang tinuduh ing gawe | Tumênggung Sindunagara | prajurit Pakalongan | binêktakkên tigang atus | trunarakêt trunalanang ||

47. sami kêkapalan nênggih | prajurit dharat urunan | wong Batang Wiradesane | wontên nêmatus sadaya | para mantri sadaya | dene têtindhihe laku | Tumênggung Sindunagara ||

48. wontên sèwu kang prajurit | dêdamêl ingkang lumampah | wus prapta baris ing Cêlong | sapalih baris ing Roban | Sakèbêr wus miyarsa | yèn barise mungsuh mêtu | badhe anunjang mangetan ||

49. tur uninga mring Samawis | lan nênuwun bantu marang | Dêlèr Yan Baron Hondhorop | yèn mungsuh badhe anggêcak | prajurit jro akathah | pinilih ingkang cêcênthung | wadyane Natèng Banaran ||

50. dêlèr sampun ambantoni | Yan Hèndrik Johan Abraham | kawan dasa dragundêre | satus Kumpênine Islam | praptèng Walèri Kêndhal | wau ta ingkang winuwus | Sri Bupati Kabanaran ||

--- 45 ---

69. Sang Nata ing Kabanaran Badhe Anggêcak Pamalang tuwin Têgal

51. badhe akarsa nindaki | gêcak Pamalang Têtêgal | wus ngirabakên barise | budhal panganjuring lampah | Tumênggung Jayadirja | ngirid bupati pêpitu | Mas Rôngga Wirasêtika ||

52. Dipati Suryanagari | kinèn karya gara-gara | mring mungsuh wetan badhene | ngirid bupati lêlima | kinèn anonjok sêrat | marang Sakèbêr puniku | kamandaka sandiprana ||

53. lumampaha kaping kalih | marang barisane wetan | anitika dêdalane | dèn kawruhan maring mêngsah | lamun anitik dalan | yèn arsa ngetan anglurug | dhêsêk nagri ing Samarang ||

54. nanging sipênga sawêngi | mulih marang Pakalongan | iya dadia lok bae | yèn ingsun badhe angetan | mangkana sri narendra | budhal saha bala nusul | kang panganjur ing Têtêgal ||

55. Tumênggung Jayadirjèki | Mas Rôngga Wirasêtika | ingkang dhingini lampahe | anggêcak nagri Pamalang | rame campuh ing yuda | tan ana tahan dèn amuk | nagari Pamalang bêdhah ||

56. sang nata kèndêl Lojami | sampun ingaturan priksa | nagri Pamalang kawone | nungkul kang duwe nagara | Radèn Cakranagara | dadya wau sang aprabu | saking ing Lojami budhal ||

57. nagri Pamalang praptènjing | sang nata wus masanggrahan |

--- 46 ---

wadya pamondhokan kabèh | Tumênggung Cakranagara | ngabêkti ing sang nata | Mas Rôngga wus kinèn laju | lan Tumênggung Jayadirja ||

58. mrêpêki nagara Têgil | angirid pitung punggawa | sigra budhal prajurite | Mas Rôngga Wirasêtika | Tumênggung Jayadirja | kang wadyabala gumuruh | anggambuh ing nagri Têgal ||

102. Gambuh

1. wong Têgal wus angrungu | lamun prajane arsa ginêpuk | sami gègèr wong desa ngungsi nagari | ana angungsi ing gunung | wus alapur marang petor ||

2. amasang jagangipun | pinggir nagara kukuh abakuh | mariyême nênêm sampun amiranti | wong Têgal prasamya tugur | nuju bantune palugon ||

3. saking Batawi rawuh | Walandi satus bala rongatus | pun Kapitan Gôndariya kang nindhihi | Walandane Ludnan Jakwus | pinrênah ing gèn mirantos ||

4. mapan bitinganipun | pan santosèng papan langkung ewuh | Ki Tumênggung Têtêgal ingkang satunggil | nênggih Wiranagarèku | punika tyasira mirong ||

5. wus prapta suratipun | maring Mas Rôngga panungkulipun | nanging Têgil tinêdha dadia siji | yèn wontên jayaning laku | nanging polahe gêroboh ||

6. ngundhangi balanipun | pating kalêsik nanging karungu | nora wêrit mêmêtik maring wong cilik | kasuwara grobohipun | kongsi miyarsa mring petor ||

7. dalu pakuwonipun | Wiranagara pan ginarudug | ing mariyêm myang sênapan ingêdrèli |

--- 47 ---

gègèr kuwur kawur-kawur | tan bisa mapan kapêngkok ||

8. mawur wadya malêdug | myarsa saking ing barisanipun | Rôngga Wirasêtika Jayadirjèki | dalu-dalu sami nambur | têtulung kang canthèl batos ||

9. dèrèng kongsi akumpul | Wiranagara prajuritipun | pan sadalu ngilang langkung kontrang-kantring | sarêng byar santananipun | myang balane prapta golong ||

10. lajêng manggihi gupuh | punggawa kalih kang sêdya bantu | Rôngga Wirasêtika Jayadirjèki | langkung asrêp manahipun | dènira sampun nunggil gon ||

11. Mas Rôngga lon amuwus | milane kakang kongsi kawangur | lampah dika punapa kirang awingit | Wiranagara Tumênggung | Tatêgal sauriralon ||

12. adhi mas sakalangkung | nanging ta saking waspadanipun | pun Walandi uninga obahing batin | lampah satindak kadulu | têmbung sakêcap waspaos ||

13. Jayadirja Tumênggung | alon dènira nambungi wuwus | lah ing mangke purun umaguta malih | Wiranagara sumaur | adhi tumênggung dèn alon ||

14. rencang dèrèng akumpul | lan malih kathah bêbantunipun | Kumpni Slam kang saking nagri Batawi | Kapitan Gôndariyèku | prajurit loking palugon ||

15. kula sowan rumuhun | dhatêng ing gusti sih sang aprabu | kapanggiha ing wuri sagunging pikir | saksana sarêng lumaku | katri sumiwi sang katong ||

16. nagri Pamalang sampun | praptèng pasanggrahanira [pasang...]

--- 48 ---

[...grahanira] prabu | wus ingirid marang byantaranira ji | ingawe gya sèlèh tudhung | sumungkêm ing pada kakong ||katong.

17. ngandika sang aprabu | kaprênah apa iya sirèku | lan Tumênggung Panji Wiranagarèki | ing Têgal kang luwih bagus | tur prawira ing palugon ||

18. mati prang Surèngkewuh | tumpês sakulawaraganipun | gêlar supit urang ingkang dèn lêboni | nolèh warnane abagus | isin mundur kudu tanggon ||

19. kang dinangu wotsantun | nuwun kawula pan putunipun | gih pun kaki pun Wiranagara Panji | nanging gusti botên tiru | kaki bagus putu awon ||

20. gumujêng sang aprabu | yèn ora tiru ing bagusipun | mung tirua kaprawiraning ajurit | Wiranagara wotsantun | mugyantuk barkat sang katong ||

21. ing niyat sakalangkung | umagut ing prang anêdya purun | praptèng ing don punika dèrèng amêsthi | kalamun lajêng apurun | punapa malih yèn sombok ||sompok.

22. lah iya ta lah sokur | Wiranagara nêmbah umatur | yèn punika kagungan dalêm ing Têgil | luwung ngombèran pukulun | anêmbah lamun sinompok ||

23. lan gusti malihipun | ing ngriki sampun dinamêl prêlu | mêngsah wetan punika ingkang sayêkti | pun Sakèbêr barisipun | punika ingkang sayêktos ||

24. mênggah ing Têgil nuhun | yèn dadosa panggalih sang prabu | dene mênggahing mêngsah dalêm Kumpêni | yèn [yè...]

--- 49 ---

[...n] kang wetan sampun rêmpu | ing Têgil gampil kemawon ||

25. mangkana sang aprabu | miyarsa wau ing aturipun | pun Tumênggung Wiranagara ing Têgil | dhinahar saaturipun | angundhangi wadya bodhol ||

26. wadyanya tri gumuruh | bupati kalih prasamya tumut | ing Pamalang kalawan Tumênggung Têgil | lampahira sang aprabu | nagri Pakalongan rawoh ||

70. Sunan Kabanaran Badhe Besanan kalihan Pangeran Natakusuma

27. nênggih salaminipun | anèng Pakalongan sang aprabu | sabên ari Sêtu karsa amiyosi | pawatangan tanpa kampuh | aprajuritan kemawon ||

28. asrining praja langkung | dene kathahe wadya sang prabu | ing puniku Pangran Natakusumèki | kauningan ing sang prabu | pawèstri ayu kinaot ||

29. ingkang badhe pinundhut | Radèn Madolah panêngranipun | pinanggihkên badhe lan pangran ngabèi | abesan sêntana tuhu | kapanggih sanak amindho ||

30. pangeran pan jumurung | Natakusuma ing aturipun | rayi dalêm pun Gambas lêlêgan mangkin | mèsêm ngandika sang prabu | adhi yèn kaya mangkono ||

31. pan kawajibaningsun | iya sun pundhut bok Gambas iku | iya dhimas ingsun ningkahe tumuli | dene anakira besuk | Si Madolah karsaningong ||

--- 50 ---

32. sun gawa ing Matarum | sun angkas-angkas ing niyat ingsun | wus mangkana aningkah sri narapati | kang garwa wus sinung juluk | nama Radèn Ayu Kulon ||

33. kèndêl kang baris agung | tan wontên ingkang pagut-pinagut | langkung taha kang abaris ing Walèri | Kumpêni agung bêbantu | asangêt gènya kuwatos ||

34. Mayor Sakèbêr anggung | têtanya marang Radèn Tumênggung | Wiradigda kala prang Pajênar nguni | Kalèrêk ing patinipun | tumpês madyaning palugon ||

35. kabèh sampun tinutur | duk prang Pajênar pratikêlipun | amiwiti malah kongsi amêkasi | Mayor Pèbêr langkung ngungun | tumpês ingkang myarsa dongong ||

36. malih utusanipun | marang Samarang anêdha bantu | tinakonan Sakèbêr anêdha malih | dadya wau ta gupêrnur | lumampah ingkang kinongkon ||

37. ambêkta suratipun | surat kang katur marang gupêrnur | carakane kang katur marang Batawi | sapraptane srat pinundhut | sasampunira winaos ||

38. langkung dènira ngungun | para radpêni wus sinungan wruh | yèn amuke Pangran Arya Mangkubumi | sangsaya andarung-darung | satuhu kalamun abot ||

39. dadya pamikiripun | badhe anuduh ingkang bêbantu | satumpêse Kalèrêk sawadyanèki | para mayor ingkang kantun | anêmah pati Mayor Kop ||

40. prasami kapalayu | kari Sakèbêr Mayor gêgêdhug | badhe Mayor Ubrus winangsulkên [winangsu...]

--- 51 ---

[...lkên] malih | lawan sinung kanthinipun | Mayor Andêl Istimolor ||

41. nanging inganti besuk | mêndhêt prajurit kang tatal tahu | ingkang saking Malaka ing Siak sami | Kumpêni Kap kang kapundhut | kalawan Kumpêni Selong ||

42. mangkya lagya kinumpul | anèng Batawi gantya winuwus | Natèng Kabanaran kang lagya masisir | andadosakên kang rêmbug | ing karsane arsa bodhol ||

71. Tumenggung Arungbinang Kapetengan Budi

43. marang Mataram kondur | sakêdhap dènnya arsa mêmantu | ingkang putra nênggih pangeran ngabèi | panggih lawan putranipun | Pangran Natakusumèngdon ||

44. akarya surat sampun | gya anuduh gandhèk lumastantun | dhawuh marang Pangran Mangkunagarèki | nèng Mataram barisipun | praptane gandhèk wus rawoh ||

45. winaos sêratipun | parentahipun kang rama prabu | karyakêna badhe pasanggrahan mami | iya kiwa têngênipun | lan ing Pasar Gêdhe kono ||

46. sigra ngundhangi gupuh | marang sagunging para tumênggung | anênitik panggonan ingkang prayogi | pra dipati aturipun | papan kang pagut kinaot ||

47. sawetan ngumpakipun | nênggih Pabrêkan wastaning dhusun | papan wiyar aradin kapit ing ardi | wetan lèr kalawan kidul | amung

--- 52 ---

towong ingkang kulon ||

48. wontên toya lumaku | angilèn anjog saking ing gunung | Pangran Mangkunagara sênêng prayogi | ngundhangan para tumênggung | anambut karya ponang wong ||

49. dina-dina gumuruh | kang nambut karya para tumênggung | kang nindhihi Pangran Mangkunagarèki | kunêng gantya kang winuwus | ing Pagêlèn kang wiraos ||

50. langkung sungkawanipun | Kapitan Bagrak lan Ki Tumênggung | Arungbinang dènira miyarsa warti | Pakalongan bêdhahipun | rame prang langkung rêrêmpon ||

51. Kumpêni tumpês satus | Tarnite kang tumpês tigang atus | pun Galèngsong nungkul kacandhak ing jurit | dadya pasisir malêdug | sapangetan sapangulon ||

52. pawarta wuwuh-wuwuh | sangkin angênês kyai tumênggung | nanging langkung winingit dènnya mong wingit | sinasab-sasaban thukul | warta ngalub ting garalok ||

103. Dhandhanggula

1. ki tumênggung angêjum pangèsthi | kaya ngapa tibaning wak ingwang | wasana kadadeane | amêtak putêkipun | lamun dalu tan antuk guling | siyang angabên sata | kinarya anamur | malimira sami prapta | kang dinuta marang nagari pasisir | èstu yèn karepotan ||

2. wong Kumpêni dènira nadhahi | ing yudane Natèng Kabanaran | agung tumpês prajurite | idlèr kalangkurkalangkung. kuwur | Kumpni ingkang sampun abaris | Walèri tanah Kêndhal | alit manahipun | samangsane kinarsakna | tinunjanga lajêng dhêsak ing

--- 53 ---

Matawis | yêkti dhadhal kewala ||

3. ya ta nuju ing wêngi sawiji | kyai tumênggung apakumpulan | santana para putrane | myang mantri sêpuh-sêpuh | pan sadaya tinawu pikir | wong sèwu numbakanyar | golong aturipun | sapurug-purug sampeyan | angetana angidula botên kari | sarèh saabipraya ||

4. kadi botên wontên nyêngkal budi | anungkula Natèng Kabanaran | dipun rêmpêg sa-Pagêlèn | para tanaya matur | ing pawarti nagri Samawis | dipun buwaya mangap | kinodhok sakêmbu | dêdamêl kang saking wetan | praptèng Dêmak Pangran Arya Singasari | Dipati Martapura ||

5. kadiparan Pagêlèn puniki | Kumpni ingkang abaris Mataram | lan Kêdhu binubarake | kabèh sami malêdug | ing Pagêlèn botên jinawil | mangkya Pangran Purbaya | ing pawartanipun | budhal saking ing Mataram | binantonan tumênggung Pajang kêkalih | pun Suramangunjaya ||

6. lan Tumênggung Suradigdayèki | angawan atus prajuritira | sami maludag sanggupe | samya nêdyamor marus | lan Kapitan Bagrak ing jurit | Tumênggung Arungbinang | ing wardaya rêmpu | sêmune para pulunan | sami condhong ngaturi nungkula aglis | mring Natèng Kabanaran ||

7. ki tumênggung angandika aris | ing batine awêri ing karsa | mêpêr ing para putrane | iya babo nak ingsun | barang tindak dèn wruh ing uwit | lan sumendhea

--- 54 ---

titah | ing Hyang Mahaluhur | iya badaning manungsa | upamane kadya ringgit munggwing kêlir | ki dhalang kang misesa ||

8. milanipun anama bupati | awit saking sumare Nglawiyan | kang rama sang nata kiye | Prabu Surakartèku | yèn sirnaa onênge nênggih | tan ana ingkang putra | yêkti mring sadulur | Susunan ing Kabanaran | iya wênang nampani wêwalês mami | yèn kang putra tan ana ||

9. lamun taksih kang putra pribadi | kang sinuhun sumare Nglawiyan | yêkti ing kono tibane | pêcahe kulit ingsun | lan rêmuke bêbalung mami | mutahewutahe. gêtih ingwang | kono antêp ingsun | yèn durung bêdhah Samarang | nadyan bêdhah yèn maksih nèng tanah Jawi | Sang Prabu Surakarta ||

10. saênggone maksih sun tut wuri | karia cawêt tan nêdya ginggang | matia ing ayahane | lah iya anak ingsun | kabèh padha dipun kawruhi | myang prentah mantriningwang | numbakanyar sèwu | yèn mêngkono antêpira | para mantri kèndêl kawuwusa enjing | Tumênggung Arungbinang ||

11. praptèng loji lan kapitan panggih | Kapitan Bagrak alon têtanya | sudara paran ing mangke | mana kabar nyang bêtul | adha kabar loji ing Têgil | Mangkubumi wus mêcah | Kumpni akèh lampus | petor ngungsi mring lautan | Ki Tumênggung Rungbinang alon nauri | tuwan utusan kula ||

12. yêktos nguni Sunan Mangkubumi | nèng Pamalang arsa gêcak Têgal |

--- 55 ---

nuntên andhahar ature | bupati kang anungkul | ing Têgal pan tumênggung siji | nênggih Wiranagara | puniku turipun | ngadhatona Pakalongan | mila kondur marang Pakalongan malih | Sang Natèng Kabanaran ||

13. Adipati Pakalongan mangkin | nama Pangeran Natakusuma | Kapitan Bagrak wuwuse | boleh nama bêgitu | ki tumênggung alon nauri | puniku têdhak raja | sami wijilipun | lan Susunan Kabanaran | myang Sinuhun Surakarta tidhak lain | samua sama juga ||

14. pan kasaru wontên surat prapti | saking Têgal pan amung satunggal | yèn ana roro sabêne | siji mring ki tumênggung | ingkang siji marang Kumpêni | punika mung satunggal | ki tumênggung wus wruh | ing gaibe layang ika | nanging sangêt api-api tan udani | wau Kapitan Bagrak ||

15. sawusira amaos kang tulis | Kapitan Bagrak netrane pucat | angingkêdakên kursine | alon pamuwusipun | saudara prentah Kumpêni | kula kinèn mring Têgal | sadaya tan kantun | mariyêm kinèn ambêkta | dene dika sasukane gène baris | papan ingkang prayoga ||

16. ki tumênggung tambuh tan udani | api atine nora katara | alon aririh wuwuse | tuwan yèn pênêdipun | kula inggih dika tinggali | botên kudu akathah | inggih ukur-ukur | dadosa tingal kewala | kang cêkapan lêlima kopralirèki | botên [botê...]

--- 56 ---

[...n] kêdah akathah ||

17. Kapitan Bagrak alon nauri | saudara gih môngsa wandea | benjing kula bicarane | samangke kula puwung | kula ajrih tilar satunggil | sintên kang ngatêrêna | kang nindhihi jagul | sudara mantri andika | inggih tuwan panèwu kula kêkalih | lawan anak kawula ||

18. lawan pun Kakang Wanayudèki | sampun sami asaos samêkta | ing Kêmis enjing budhale | ing Palaosan kêbut | Kumpni datan kari satunggil | mung kari baris Jawa | ing sêmu asamun | anyênyêt tan kurang jalma | anyênyête senapatine prihatin | miwah mantri sadaya ||

19. ki tumênggung sami dèn aturi | dening para mantrine sadaya | suwawi nungkul dèn age | pan dede wadosipun | Natèng Kabanaran ing jurit | jinurung sasolahnya | ring Sang Mahaluhur | jinajayèng rananggana | bilih kasèp lamun tan nungkul tumuli | manawi karuntikan ||

20. ki tumênggung ing lair nuruti | mring kancane ing batin atêbah | durung kênthêl ing pikire | akarya surat sampun | kamandaka dhatêng Matawis | sira Ki Rônggajaya | wau kang ingutus | lawan Ki Bocor lumampah | kinèn jujug Pangran Mangkunagarèki | abaris ing Mataram ||

21. anjênêngi wong anambut kardi | karya kojor anèng Pabêrêkan | wau duk sêrat praptane | tinampèn têmbungipun | inggih anggèr kula rumiyin | duk rama jêngandika | inggih [ing...]

--- 57 ---

[...gih] rawuhipun | ing Pagêlèn pan kawula | inggih sampun angabdèkakên ing batin | laire maksih mêngsah ||

22. mangke rama paduka anêbih | paduka kinèn akarya kitha | ing PabrekanPabrêkan. pawartine | kawulatur panjurung | sikêp kalih atus manawi | patumbasing dandanan | yatra tigang atus | supayanipun dadosa | ing patumbas ingon abdi nambut kardi | lan malih tur kawula ||

23. lamun rawuh rama tuwan benjing | lamun karsa nimbali kawula | sampun liyan kang kinèngkèn | nênggih kang kula suwun | amung ingkang punggawa katri | inggih salah satunggal | rumiyin Pukulun | Mas Rôngga Wirasêtika | lamun botên Dipati Suryanagari | Tumênggung Jayadirja ||

24. sampun titi tinarima mangkin | panungkule Tumênggung Rungbinang | lawan sikêp urunane | kalih atus tinuduh | karya regol lan karya masjid | masigit Suranata | lan panêpènipun | mantri kalih nambut karya | ya ta wau wuwusên sri narapati | kang wontên Pangangsalan ||

72. Sunan Kabanaran Kondur dhatêng Mataram, Pakalongan Karêbat Malih dhatêng Kumpêni

25. budhal kondur marang ing Matawis | lamun sampun mantu ingkang putra | nênggih punika wangsule | ngradin pasisiripun | kang tinilar [ti...]

--- 58 ---

[...nilar] atêngga baris | Pangran Natakusuma | lawan Ki Tumênggung | Amongpraja Wiradesa | Ki Tumênggung ing Batang Danurêjèki | Têgal Wiranagara ||

26. lawan Sindunagara Lojami | kang minôngka Patih Pakalongan | lan Tumênggung Pamalange | Dyan Côndranagarèku | kang tinilar sri narapati | Tumênggung Môndaraka | lan Wiradigdèku | dene karyane punika | angêntosi marang ing garwanirèki | Pangran Natakusuma ||

27. kira-kira yèn sang nata prapti | ing Mataram anuntên nusula | bêktaa sapurantinesapirantine. | abahan wong mêmantu | kang dhèrèkkên tumênggung kalih | Wiradigda Môndraka | kang saos pêpikul | dene sikêp Pakalongan | tan kalilan dènnya lagya pacak baris | mila Kêdhu kewala ||

28. kang amikul sakagungannèki | Radèn Ayu Anatakusuma | tos-atos abrag-abrage | dènnya karsa mêmantu | putri ingkang pambajêngnèki | Dèn Ayu Amadolah | wau budhalipun | nênggih Natèng Kabanaran | duk sadalu gunung Kêlut asru muni | gumuruh gara-gara ||

29. tan antara jawuh awu prapti | kadya mariyêm lawan darebas | pirang praja kagyat kabèh | lampahe sang aprabu | wadyanira barêping baris | nyana Sindunagara | kang baris panganjur | rame prang pinukul mêngsah | dadya kèndêl lampahe sagung prajurit | atata-tata gêlar ||

30. nuntên dangu-dangu kapiyarsi | kadya barung

--- 59 ---

rontaka anakan | wantu-wantu ing swarane | dhêdhêt wiyati têdhuh | jawah awu wus têtela ring | kadya drèl mriyêm kathah | aladhu gumludhug | wong pirang-pirang nagara | datan wontên kang liya pamiyarsèki | anuju Paing Soma ||

31. ping nêmbêlas ing Dimadilakir | taksih sajroning taun Jimawal | pinemutan sangkalane | nênggih swaraning gunung | obahing kang jagat winarni |Sengkalan: swaraning gunung obahing kang jagat (Sênèn Paing, 16 Jumadilakir 1631 A.J.), sic. seharusnya: Rêbo Lêgi, 16 Jumadilakir 1631 A.J., Rabu, 14 September 1707 A.D. limutan sanagara | wau lampahipun | Sri Bupati Kabanaran | praptèng Kêdhu lajêng dhatêng ing Matawis | ngadhaton ing Pabrêgan ||

32. ya ta wau ing budhalirèki | garwane Pangran Natakusuma | saking ing praja budhale | wontên rêmbatan sèwu | Ki Tumênggung Kêdhu kêkalih | Môndraka Wiradigda | kang ajaga jagul | prajurit ing Pakalongan | pitung atus dhinèrèkakên kang rayi | marang nagri Mataram ||

33. duk lêlampah angsal tigang ratri | ingkang kantun baris Pakalongan | Tumênggung Wiradesane | sèdhèng ing lampahipun | ngutus sêrat dhatêng Walèri | Sakèbêr anggitika | Pakalongan dalu | Pangèran Natakusuma | mumpung mangke prajurit kang bêcik-bêcik | kinèn ngatêr ing garwa ||

34. kula nuntên angobong ing wêngi | kadi lamun malêdug kewala | ujêr sêpi prajurite | wus karsaning Hyang Agung | ing lêlakon pating pênthalit | Sakèbêr langkung suka | utusan asung wruh | ya marang Dêlèr Samarang | langkung suka budhale Natèng Matawis | sêpi ing Pakalongan ||

--- 60 ---

35. budhal saking nagari Samawis | pêpak prajurit Kumpêni samas | nêmatus Kumpêni Slame | wau ta praptanipun | dêlèr anèng baris Walèri | Sakèbêr nulya mangkat | anukup ing dalu | sapraptane Pakalongan | sami lena mêngsah prapta angêdrèli | malêdug lara brôngta ||

104. Asmaradana

1. langkung gugup ting jumpalik | palayune tan karuwan | Pangran Natakusumane | santana saking kang garwa | nanggulang lampahira | ngalingi dènnya lumayu | ing Pangran Natakusuma ||

2. têtiga ingkang ngêmasi | Pangeran Natakusuma | arsa ngamuk dèn rêrèwèng | marang kang para santana | wus datanpa gêgaman | kari kêris kudu ngamuk | binabayang mring jêjurang ||

3. Tumênggung Wiradesèki | gugup angobong pondhokan | kang mati kang tatu kabèh | langkung saking kuwurira | sadalu lorodira | sarêng byar ing praptanipun | tanah Têrsana Têmpuran ||

4. sami kagèt mantri bumi | lajêng pacak barisira | nèng Têrsana sawontêne | wuwusên dêlèr wus prapta | ing nagri Pakalongan | Petor Têgal praptanipun | angirid gêgaman Têgal ||

5. Tumênggung Wiratha panggih | idlèr langkung sukanira | dènnya mêngakkên korine | manjingakên mungsuhira | ing nagri Pakalongan | tinanêman santanèku | mring Dipati Jayaningrat ||

6. pun Wiradirja namèki | mring dêlèr ingalih nama | nênggih Wiradiningrate | Adipati Pakalongan | ing Batang tinanêman | sira

--- 61 ---

Rôngga Kaliwungu | ingkang pilênggah ing Batang ||

7. ingalih namanirèki | Tumênggung Adinagara | Kaliwungu kang ginawe | sutane rôngga kang tuwa | kang mantu Panêmbahan | Cakraningrat namanipun | Dyan Tumênggung Sumadirja ||

8. Tumênggung Têgal kang balik | sampun sami tinanêman | Rêksanagara arane | kang nami Wiranagara | anèng Têgal kanoman | Barêbês Suralayèku | nusul Natèng Kabanaran ||

9. Pamalang pun dèn tanêmi | samya ri Rêksanagara | Ki Tumênggung Bèlututon | ing Barêbês ipenira | nênggih Rêksanagara | wau Idêlèr Hondhorup | anèng nagri Pakalongan ||

10. Sakèbêr dèn parentahi | kinèn ngêlara jajahan | lajênga mring Kêdhu manèh | nanging kang para dipatya | Si Sungrat lan Si Kulman | padha balia mring Kêdhu | nanging mêtua Bahrawa ||

11. Sakèbêr mêtuwèng ngriki | gawa pasisir kewala | yèn ing Kêdhu maksih abot | iya dèn arah-araha | Si pan dêr Pol milua | kang baris Têrsana iku | êndhisên mangidulêna ||

12. de Petor Têgal sirèki | sira muliha mring Têgal | lakokêna bantu age | Si Kapitan Gôndariya | Pagêlèn bantokêna | Kumpêni Slam kang rongatus | susulna Kapitan Bagrak ||

13. Petor Têgal Palêk pamit | lajêng sami têtabean | amuwus Dêlèr Hondhorop | besuk sira milu ringwang | sun banjur mring Banyumas | tinjo marang ki tumênggung |

--- 62 ---

larane têka barisan ||

14. bubar baris Têgal sami | pun Kapitan Gôndariya | pan sampun linajêngake | bantu mring Pagêlèn ika | kunêng malih winarna | kang anggung kingkin mangun kung | kang abaris Palaosan ||

73. Tumênggung Arungbinang Dipun Panggihi Sang Rêtna ing Bulupitu

15. langkung kadhudhah ing sêdhih | Ki Tumênggung Arungbinang | tinilar ing Kumpênine | tinilar Kapitan Bagrak | ing batin awuyungan | nanging laire sinamur | yèn rina angabên sata ||

16. yèn dalu tan antuk guling | agung winêwêsing driya | amung tibane awake | pinêdhot-pêdhot tan kêna | Sang Prabu Surakarta | mantri sadaya umatur | luwung suwawi nusula ||

17. dhatêng Sunan Mangkubumi | mangkya ngadhaton Pabrêgan | kadya samodra balane | kalawan malih punika | wahyu sampun têtela | ratu prajurit pinunjul | nglangkungi kang eyang-eyang ||

18. Panêmbahan Senapati | môngsa inggih makatêna | amêngsah Jawi kemawon | Susunan ing Kabanaran | sampun mêngsah Walônda | pintên-pintên samya gêmpur | mila sampun kalayatan ||

19. ki tumênggung anauri | hèh sanak mantri sadaya | barang pikir dipun sarèh | rèrèh ririh ngarah-arah | wong amrih kaslamêtan | besuk mulih mring winangun | padha ngêtog [ngêto...]

--- 63 ---

[...g] pêpikiran ||

20. kasaru caraka prapti | dutane Pangran Purbaya | ran Ki Wanayuda gêdhong | surate sampun tinampan | Tumênggung Arungbinang | mèsêm sajro nalanipun | mirsa surate pangeran ||

21. pangipuke nora bêcik | kumrèsèk banjur tinantang | aluwês kang raka katong | môngga ngucap jroning nala | Tumênggung Arungbinang | sanadyan nungkula tèngsun | môngsa dêdalan arika ||

22. kajaba darahing gusti | wani ingsun amungsuha | pan ingsun ora kumêdhèp | ki tumênggung karêngkuhan | nanging winênês ing tyas | anggung ngrapu driyanipun | ngangsuli ecaning sêrat ||

23. kunêng wuwusên ing latri | Ki Tumênggung Arungbinang | langkung amêwês driyane | sinèndhèkakên ing titah | anyêkak ing istiyar | sabênêr-bênêring luput | sabêcik-bêciking ala ||

24. sapadhang-padhanging wêngi | sarata-rataning jurang | sagampang-gampanging angèl | lamun uga pinupusa | dhangan tur linampahan | tega marang lara lampus | yèn mantêp pracayèng titah ||

25. sayêkti nora nglabêti | ki tumênggung sampun eklas | sigra ngundhangi balane | asiyaga arsa budhal | ngilèn dhatêng Ungaran | kasaru carakanipun | praptane atur uninga ||

26. yèn Pangeran Purbayèki | sampun ngirabakên bala | sampun prapta lèpèn Banon | Ki Tumênggung Arungbinang | parentah balanira | pikul budhala karuhun | ingsun ing mêngko kewala ||

--- 64 ---

27. bok ingaran kêcil hati | mring Pangeran Purubaya | sadhela sun antenane | kabèh saragni kiraba | anèng jabaning dhadhah | ingantosan malah dangu | pangeran tan ana mangsah ||

28. ki tumênggung budhal aris | pitung atus kêkapalan | kajawi para mantrine | dharat sèwu winatara | angidul budhalira | nabrang sasak lêrêng sampun | ngênginthil Pangran Purbaya ||

29. balane samya nyuraki | saking kadohan kewala | ki tumênggung sabalane | wus têlas panabrangira | para mantri turira | tinatasan sasakipun | ki tumênggung angandika ||

30. aja kudu dèn tatasi | iya Pangeran Purbaya | môngsa wania marene | sanadyan iya mrenea | ingsun môngsa gingganga | ika jaranane sèwu | môngsa mingkêda sacêngkang ||

31. adangu dipun antosi | pangeran tan purun mangsah | sawadya kèndêl kemawon | Ki Tumênggung Arungbinang | langkung akarêngkuhan | tyasira tansah ingêlus | rinacut sarta mujadah ||

32. apan arsa dèn têmêni | aprang lan Pangran Purbaya | yèn Kumpêni lulus sore | tan bisa mrênahkên badan | mila langkung kèmêngan | yèn mulat ing balanipun | Pangeran Arya Purbaya ||

33. kaya kaduga mungkasi | mila tyasira cinêgah | sidhang siring kang dèn angge | agung liniput mujadah | sokurêna ing titah | wadya ingundhangan laju | atilar mungsuh adêgan ||

34. wau lampahe kang baris | kang winangun [wina...]

--- 65 ---

[...ngun] sampun prapta | ki tumênggung sapraptane | awuwuh wayang-wuyungan | kathah kang karya susah | mantri kalih praptanipun | kang dinuta ing Mataram ||

35. katur katarimèng kardi | mênangi ing praptanira | saking pasisir sang katong | nanging badhe tan alama | kèndêle ingkang wadya | sasampunira mêmantu | wangsul malih karsanira ||

36. angradin nagri pasisir | dene sampeyan punika | inggih kang badhe kinèngkèn | Mas Rôngga Wirasêtika | Pangran Mangkunagara | inggih bêktani tumênggung | nama Suramangunjaya ||

37. nimbali sampeyan benjing | ki tumênggung duk miyarsa | langkung kumêpyur manahe | awuwuh susah barubah | angrasa kacêthakan | cupêt kamandakanipun | kaya prapta roning kamal ||

105. Sinom

1. kawungu sungkawanira | tyas winêwês tan katawis | Ki Tumênggung Arungbinang | cêluluk bakal kacêlik | ing wêngi Gara Kasih | mêminta sihing Hyang Agung | mugi sinasabana | têkiyare wus marêdi | tan anendra ing wardaya mawuyungan ||

2. pan ing wanci tabuh tiga | utara maruta tarik | lamat-lamat malimutan | ngidit sung gônda wor riris | tan antara dhatêngi | Kusumèng Dyah Bulupitu | jawil saking ing wuntat | pagene rika prihatin | jêlih têmên wong iki lalèn kaliwat ||

3. salawase wêkas ingwang | gustimu Surakartèki | nora ginggang nora ilang | sabarang bekaning bumi | pan ora amantêsi | karia saubing payung |

--- 66 ---

nagara Surakarta | maksih rinêksèng Hyang Widi | anauri Ki Tumênggung Arungbinang ||

4. dudu iku susah ingwang | amung kamandaka mami | ing samêngko kacêthikan | tan kêna selak kacêlik | amêsthi nêmu runtik | kabêlik panggaweningsun | mring Sunan Kabanaran | alon dènira nauri | wau sira Sang Rêtna ing Bulusapta ||

5. lah iya sing ora-ora | buh-êmbuh rika marasi | pan iya Kapitan Bagrak | têlung dina iki prapti | ing Roma gone bali | pan kapapag bantunipun | Kapitan Gôndariya | andêl nagari Batawi | apan dêlèr mèh prapta nagri Banyumas ||

6. kumênyut duk amiyarsa | nir wiyoganing tyasnèki | Ki Tumênggung Arungbinang | gumigil lêganing galih | Dyah Bulugangsalkalih | wus pamit saungkuripun | Tumênggung Arungbinang | amêpak kancane mantri | sinasambi ambukak bunêking driya ||

7. sawusnya ing tigang dina | Kapitan Bagrak wus prapti | angancik wontên ing Ngambal | utusan asung udani | wajidan kang tinuding | Patrakelasa ranipun | ing Winangun wus prapta | praptanira amarêngi | lan surate Mas Rôngga Wirasêtika ||

8. Walandi Patrakelasa | nyalimpêt nèng wismèng wingking | wusnya winaos kang sêrat | surat age dèn wangsuli | mêsat dutanirèki | wus têbah wajidan mêtu | panggih anèng pandhapa | gumuyu wajidan angling | ki tumênggung mèh dadi wong Kabanaran ||

9. yèn sida nèng Kabanaran | ki

--- 67 ---

tumênggung pasthi jadhi | ya Pangeran Arungbinang | wajidan dèn cuwowoni | iki têka ing êndi | cangkême calbang-calêbung | angling Patrakelasa | sudara dika wus prapti | gih Kapitan Bagrak praptane nèng Ngambal ||

10. lamine pisah lan dika | julalatan ulatnèki | kapitan pan kêndêl kula | kula wani Mangkubumi | ki tumênggung nauri | wani pisan ta sirèku | ana pamangku lêmah | dudu Sunan Mangkubumi | latah-latah wajidan Patrakelasa ||

11. ki tumênggung angandika | payo badhoga tumuli | sira iku wong dinuta | wajidan nadhah tumuli | ki tumênggung mring wuri | amêling carakanipun | sira pun Prayadipa | mringa Sangubanyu aglis | anèng kana sira agawea warta ||

12. dutane Natèng Banaran | Mas Rôngga ing Sukawati | lawan tumênggung têtiga | Suramangunjaya malih | myang Surawijayèki | lan Pusparana Tumênggung | kang nimbali maring wang | Sangubanyu dèn kuwoni | dèn warata nèng kono gawea warta ||

13. kalamun Kapitan Bagrak | bali arsa nyêkêl mami | lan Kapitan Gôndariya | panèkêt panglawe sami | tutura dèn waradin | wong sadesa Sangubanyu | sira iku pan iya | padha ngakua angili | wus umêsat dutane Kyai Rungbinang ||

14. wajidan Patrakelasa | miwah tumênggung lumaris | amêthuk marang kapitan | Garojogan kèndêlnèki | sigra anuduh mantri | lan Patrakelasa laju | sapraptanira Ngambal | lan kapitan [kapi...]

--- 68 ---

[...tan] wus kapanggih | sigra budhal sawadya Kapitan Bagrak ||

15. tan dangu praptèng Grojogan | lan ki tumênggung wus panggih | tabean arêrangkulan | salaman para upêsir | lansume budhal malih | sapraptanira Winangun | antara kalih dina | punggawa sakawan prapti | Sangubanyu dutane Natèng Banaran ||

16. Mas Rôngga Wirasêtika | angirid punggawa katri | nèng Sangubanyu wus prapta | makuwon sawadyanèki | nèng Sangubanyu sami | kuda sèwu kawan atus | bandera kalih wêlas | sawadyane dharat sami | tigang èwu cacahe wadya lumampah ||

17. nèng Sangubanyu miyarsa | gêdêre ingkang pawarti | Ki Tumênggung Arungbinang | badhe cinêkêl Walandi | Kapitan Bagrak mangkin | anyupit ambruk winangun | Kapitan Gôndariya | Mas Rôngga duk amiyarsi | langkung ngungun saking gêdêring pawarta ||

18. dadya Mas Rôngga utusan | sartane mawi kintèki | Ki Dêmang Suramaleca | anamar lampahirèki | mung panakawan kalih | katêlune wong Winangun | wau duk praptanira | manjing barisan Kumpêni | dipun nyana tiyang Pagêlèn kewala ||

19. Ki Tumênggung Arungbinang | sampun ingaturan pêksi | yèn wontên caraka prapta | Mas Rôngga dutanirèki | ki tumênggung manggihi | nèng kêbon salèring lumbung | Dêmang Suramaleca | tur sêmbah ngaturkên tulis | sêratipun rayi paduka Mas Rôngga ||

20. tinampan wus tinupiksa | wiyosipun [wiyosipu...]

--- 69 ---

[...n] punang tulis | kula punika ta kakang | dinuta ing sri bupati | sampeyan dèn timbali | nguni miyarsa sang prabu | dèrèng prapta Pabrêgan | sampeyan tumut nguruni | kalih atus sikêp karya pasanggrahan ||

21. lawan tigang atus reyal | prabeyan anambut kardi | sang nata kalangkung suka | miyarsa aturirèki | Pangeran Adipati | Mangkunagara kasuwun | duk sang nata praptanyar | saking nagari pasisir | lan pun kakang nênuwun katimbalana ||

22. katri punggawa punika | pan inggih salah satunggil | inggih yèn botên kawula | Dipati Suryanagari | yèn botên kang kêkalih | pun Kakang Jayadirjèku | ing mangke ta kawula | kinarsakakên nimbali | ing punika panuwunipun pun kakang ||

23. Ki Tumênggung Arungbinang | pangandikane aririh | mring Dêmang Suramaleca | Yayi Mas Rôngga nèng pundi | Suramaleca angling | inggih wontên Sangubanyu | Adhi Suramaleca | dika uninga pribadi | lah puniki pratikêle wak manira ||

24. jinaga tan kêna bênggang | puniki ing siyang latri | Suramaleca turira | rayi sampeyan miyarsi | Kumpêni mila bali | inggih awon sêdyanipun | gêdêr nèng Sangutoya | ubêkan ingkang pawarti | yèn sampeyan arsa cinêkêl Walônda ||

25. kang wêling rayi sampeyan | yèn sampeyan tan kadugi | lamun inggih angarsakna | rayi sampeyan dhatêngi | angamuk ing Kumpêni | rayi paduka gih

--- 70 ---

purun | dhatêng Kapitan Bagrak | botên ngangge siyang latri | lamun inggih mupakat kalih sampeyan ||

26. Ki Tumênggung Arungbinang | muwus ririh mèsêm manis | puniku dede pabênan | inggih karsanipun yayi | yèn tiwasa ing jurit | kula ingkang tanpa kusur | kadiparan pun badan | akarya tiwasing gusti | inggih adhi yèn parênga unggul ing prang ||

27. yèn asor yêkti kawula | kang karya lingsêming gusti | mapan jêng gusti sang nata | wong agung sampun mupugi | ing aguna tur lungit | ing agal alit kawêngku | anrus graita limpat | kacakup gêlaring jurit | ing prayitna ing wiweka sumbagèng rat ||

28. môngsa inggih sri narendra | botên ngapura ing dasih | pun Tumênggung Arungbinang | luputa pratikêlnèki | kawistarèng Kumpêni | sayêkti nêmahi lampus | punapa kang rinêbat | lami-lami yèn basuki | kalampahan ing karsa sri mahadipa ||

29. upama ngarsakna rikat | karya cilakaning abdi | môngsa inggih makatêna | Suramaleca nauri | inggih punika pasthi | sang nata wong agung alus | lêbêt yèn mawi karsa | tan kenging dipun jajagi | langkung wiyar sagantêning paramarta ||

30. momot pamêngkuning wadya | murdanya ngecani kapti | among wisunaning bala | amung prakawis satunggil | yèn madyaning ajurit | yèn sampun magut acampuh | wontên wong tyase gêmpal | ing sajroning rêbat pati | mung punika duga tan sagêt ngapura ||

--- 71 ---

31. winastan mungkir ing titah | yèn wontên wong nêdya urip | kêkandhangan pêcat iman | umure dipun kukuhi | yèn wong ngoncati jurit | angukuhi umuripun | winastan wong duraka | ing tekad botên sayêkti | supe lamun umur kagungane Suksma ||

32. Ki Tumênggung Arungbinang | gumujêng wêkasan angling | dhuh Adhi Suramaleca | mila ngong purun gêgêmpil | kula puniki adhi | sampun kathah darbe atur | pan dèrèng kalampahan | jêr kula sampun andugi | galihane Jêng Gusti Natèng Banaran ||

33. ki tumênggung karya surat | têmbunge bêbuka kêdhik | sakirange tur kawula | inggih kang dhatêng pun adhi | Mas Rôngga Sukawati | Wirasêtika mong ing yun | kawrat pun Adhi Dêmang | Suramaleca sayêkti | wusnya dadi nguncalkên Suramaleca ||

34. adhi makatên kewala | sêrat kula angangsuli | dhumatêng pun Adhi Rôngga | nadyan katura sang aji | pracaya angandhêmi | Suramaleca amanthuk | lah inggih sampun susah | kula punika sayêkti | kang wus sinung pracaya dadi jaruman ||

35. milanipun pinaringan | Suramaleca ing mami | Sura èstu kapurunan | Maleca botên kinapti | ing makna anyidrani | karsanipun sang aprabu | Maleca sagêd eca | kinarya murad kêkalih | Sura wani ing rêrêgêd têmah kaca ||

36. Ki Tumênggung Arungbinang | manthuk-manthuk angling aris | yèn makatên botên bakal | pun adhi dêmang tinuding |

--- 72 ---

pan sampun dèn sangoni | pinangadêg sarta dhuwung | kandêlane suwasa | dhuwung tinatah prayogi | tangguhipun sidayu campur pandhawa ||

37. Mas Rôngga pan kinintunan | badhe rasukan kêkalih | bêludru cêmêng satunggal | satunggal martas we wilis | Suramaleca pamit | sapraptane Sangubanyu | matur marang Mas Rôngga | surat sampun tinupiksi | sawusira maos surat dangu sigra ||

38. mring Dêmang Suramaleca | katur wêkase miwiti | Ki Tumênggung Arungbinang | katur sapitungkasnèki | Mas Rôngga angundhangi | budhal saking Sangubanyu | gumuruh wadyakuswa | mantuk dhatêng ing Samawis | saungkure baris agêng pêpucungan ||

106. PocungTeks asli: Pucung.

1. ya ta wau Kapitan Bagrak angrungu | dhusun Sangutoya | ing mangke kanggenan baris | wong Mataram pangiridipun Mas Rôngga ||

2. Ki Tumênggung ingaturan praptanipun | mring Kapitan Bagrak | lingira têtanya aris | ki tumênggung wartane wontên gêgaman ||

3. dutanipun Mas Rôngga kang prapta wau | wus panggih lan dika | ki tumênggung anauri | gih dutane ran Dêmang Suramaleca ||

4. lampahipun Mas Rôngga nèng Sangubanyu | kula tinimbalan | marang Sunan Mangkubumi | nanging kula amopo datan lumampah ||

5. alon muwus Kapitan Bagrak yèn ingsun | sira têmokêna | pasthi ana akal mami | andadèkna karsane Natèng Banaran ||

6. ngling tumênggung lah akal paran puniku |

--- 73 ---

ngling Kapitan Bagrak | carik akal arja baik | lamun sudhah jadhi kauntungan banyak ||

7. Ki Tumênggung Rungbinang nauri bêkus | môngsa ta jadhia | Jêng Susunan Mangkubumi | wus angrasa nitih kaprawiraning prang ||

8. yèn dèn ipuk icuk-icuk kongsi wungkuk | môngsa tumindaka | dinadak jêr wus ngrawuhi | ya ta angling aririh Kapitan Bagrak ||

9. dudu iku aku wêruh rêmbugipun | pikirane padha | wong gêdhe-gêdhe Kumpêni | lamun nora kêna Susunan Banaran ||

10. ing sataun rong taun ing têlung taun | luput ing paekan | kocap lêmbut datan kêni | pan mangkono Kumpêni nyalini akal ||

11. Sang Aprabu ing Surakarta puniku | binêktèng Samarang | kinarya ratu pasisir | nagri kabèh sinrahkên Natèng Banaran ||

12. mila ingsun sêtun têmên awak ingsun | arêp têtêmua | adêrêng amituturi | karja baik mring Susunan Kabanaran ||

13. asru bêkus wau sira ki tumênggung | nora kadadèan | pikirmu iku kumaki | anyêyêngit pikir bèngès anyêrangas ||

14. wonge agung Mataram pikiranipun | nora milik brana | mung kaluhuraning dhiri | nadyan sugih tan arsa dadi sudagar ||

15. antêpipun kalah sirna mênang ngukup | barang tundha bema | tan ana gêlêm nglakoni | duk miyarsa anglênggêr Kapitan Bagrak ||

16. alon muwus marang sira ki tumênggung | sudara Ungaran | apa iya maksih

--- 74 ---

bêcik | dandanane yèn wus rusak dèn banguna ||

17. ki tumênggung alon dènira sumaur | yèn dèn bêcikana | manawi tininggal malih | langkung sayang tinggal dandanan prayoga ||

18. sru gumuyu asru kapitan amuwus | kang uwis kaliwat | tanpa gawe dèn rasani | mayor budhal maju marang ing Ungaran ||

19. ki tumênggung andhinginakên panèwu | sakawan kinarya | Ungaran bêcike malih | mulihakên dandanan kang samya rusak ||

20. ya ta wau antara ing tigang dalu | budhal saha bala | sagunging bala Kumpêni | sakancane lan Tumênggung Arungbinang ||

21. praptanipun ing Ungaran baris kukuh | kunêng ing Ungaran | Pagêlèn sinigêg malih | kawuwusa Mataram kitha Pabrêgan ||

74. Ing Mataram ngrêmbag badhe nikahing pangantèn

22. praptanipun saking pasisir rumuhun | Natèng Kabanaran | ngadhaton Pabrêgan mangkin | lèr wetane saking kitha Kabanaran ||

23. duk puniku enggal langkung arjanipun | Kamangkunagaran | lèring alun-alun nènggih | saosane Pangeran Natakusuma ||

24. kilèn lurung Mangkunagaran puniku | sang nata miyarsa | kalamun wau kang rayi | katiwasan Pangeran Natakusuma ||

25. dipun tukup mring Sakèbêr lan gupêrnur |

--- 75 ---

langkung kasêrakat | nèng Trêsana dèn lurugi | kèngsêr malih wontên ing Kêdhu Parakan ||

26. sang aprabu utusan nimbali gupuh | lurah suranata | Mukidin lawan Muhyadin | sami bêkta kancanipun anglêlima ||

27. lampahipun amawi sêrat sang prabu | lawan ingkang garwa | ngintunkên prajuritnèki | kang sapalih rumêksa anèng Pabrêgan ||

28. tigang atus sèkêt sarêng lampahipun | sinêrot ing lampah | ing wuri duta nusuli | Singaranu lan Radèn Mangunkusuma ||

29. kang rumuhun ing Parakan praptanipun | panggih lan pangeran | duta Mukidin Muhyidin | andhawuhkên timbalanira sang nata ||

30. inggih lamun ingandika sang aprabu | sampun kalayatan | ing karsa sri narapati | amiwaha panggihe putra sang rêtna ||

31. aturipun Pangran Natakusumèku | kula ingandikan | paningkahe anak mami | gih sumôngga kenginga wakil kewala ||

32. rencang ulun puniku kang tigang atus | kula bêkta mangsah | amukul baris Kumpêni | suka mati yèn tiwas muliha aran ||

33. malês ukum kula ing nguni tinukup | sêpine wong ika | iki karo bêlah prapti | ya ta dèrèng nutug dènira ngandika ||

34. praptanira caraka kalih Tumênggung | Singaranu lawan | Tumênggung Mangkudirjèki | katimbalan raka paduka sang nata ||

35. sampun gupuh sampun mangsah ing prang pupuh | jêng raka paduka | sang nata langkung kuwatir | pra dipati pasisir ngandikan samya ||

--- 76 ---

36. botên antuk yèn sampeyan darbe atur | ing benjang rinêmbag | yèn sampun praptèng Matawis | urut budhal Pangeran Natakusuma ||

37. lampahipun ing marga datan winuwus | praptaning Pabrêgan | lajêng ngandikan sang aji | sarêng lawan Pangeran Mangkunagara ||

38. kang rinêmbug badhe ing paningkahipun | Rêjêp salawe prah | kang mangku pangran ngabèi | pinasrahkên Pangeran Mangkunagara ||

39. putrinipun Pangran Natakusumèku | pinangku sang nata | mijila saking jro puri | wusnya panggih mulihan Natakusuman ||

40. sampun rêmbug sakathahe kang rinêmbug | bubaran sadaya | Pangran Natakusumèki | kondur marang pakuwon panggih lan garwa ||

41. pra tumênggung sakawan pasisir tumut | Tumênggung ing Batang | Pamalang Barêbês Têgil | sinaosan wus sami manggih pondhokan ||

42. mung Tumênggung Mongpraja Wiradesèku | kang ati durjana | balik mring Kumpêni malih | pinarcaya dènnya mêthukkên sarkara ||

107. Dhandhanggula

1. tata tita lingira ing nguni | ri sang nata wau paparentah | mamrênah ing punggawane | Danawarsa pinundhut | pinrênahkên wadananèki | gêdhe Mlayakusuman | têtêp namanipun | Tumênggung Kudanawarsa | Pangran Mangkudiningrat wadananèki | gêdhe Kapringgalayan ||

2. Adipati Suryanagarèki | lawan Ki Tumênggung Jayadirja | sami panumping kalihe | Kawiragunanipun | wadanane JayajirjèkiJayadirjèki. | dene Kartanagaran |

--- 77 ---

pan wadananipun | Dipati Suryanagara | wadanane Bumija Wiradigdèki | bumi nênggih Môndraka ||

3. ingkang rayi wau dèn timbali | Pangran Purbaya Mangkukusuma | kang sami wontên Pagêlèn | kasoran yudanipun | mangkya ngumpul anèng Matawis | dènnya wau sang nata | arsa amêmantu | wadana jro kang tinata | kaprak têngên Mas Rôngga ingkang nindhihi | kiwane Jayèngrana ||

4. gêdhong têngên wadananirèki | nênggih Adipati Jayaningrat | Janapura ing kiwane | Mataram Gadhingipun | Ki Tumênggung Jasamodrèki | amung sawêg punika | ing wadananipun | kunêng gantya winurcita | Surakarta oprup arsa pamit mulih | mring nagari Walônda ||

5. Oprup Baltasar Totlomondèki | tinarima ing pisèlèhira | pikir kang ginêntèkake | karsanira gupêrnur | jendral sampun amupakati | Hindrik Johan Abraham | kang badhe tinandur | upêrup ing Surakarta | Totlomondo wus pamit sri narapati | amung nganti praptanya ||

6. kang jinunjung badhe anggêntèni | Yan Hindrik Johan Abraham |Kurang dua suku kata: Yan Hindrik lawan Johan Abraham. sampun antara praptane | Rêjêp tanggal ping pitu | Kêmis maksih awal taun Jim | antawis gangsal dina | wau têlasipun | pasrah barang rèhing praja | sira Oprup Baltasar Totlomondèki | sowan panggih sang nata ||

7. wus tabe oprup asru anangis | panangise pan kadi wanodya | kèh karaos [karao...]

--- 78 ---

[...s] ing driyane | wruha wusananipun | lêlakone ing tanah Jawi | yèn aja biyangira | adrêng kudu têmu | kang anèng nagri Walônda | yèn antêpa suka mati tanah Jawi | awlas ing sri narendra ||

8. duk Pacina jêngkare sang aji | tinut wuri mring môncanagara | Baltasar maksih Piskale | sinuhun timuripun | mangkya madêg sri narapati | langkung saking apapa | ing karatonipun | mila bingung ing tyasira | kapandênge wigêna darpa makingkin | keran-keron tyasira ||

9. wus pinêdhot saruwêding wingit | pamuwuse sinèndhèkkên titah | wus mijil saking purane | ing wanci surya naput | lajêngira ing bakda mahrib | ingkang ngatêr ing marga | Salatiga wangsul | Kapitan Kolong lan Barak | kawuwusa ingkang sumilih Yan Hèndrik | nênggih Johan Abraham ||

10. maksih Pulmak praptèng tigang sasi | wulan Sawal Akate pinacak | ing Palêsasra sakèhe | idêlèr suratipun | tur uninga ing sri bupati | ya wus lamun sinungan | marang ing gurnadur | têtêpe lêsananira | ing upêrup nagari Surakartèki | kunêng malih winarna ||

11. kang ngadhaton Pabrêgan Matawis | andhatêngakên amangun wiwaha | pinêpak pra dipatine | kang sami munggèng ngayun | ingkang sami apacak baris | ajaga ing Tampingan | bodhol barisipun | ingandikan mring Pabrêgan | anêkakkên sukane lawan kang abdi | Susunan Kabanaran ||

--- 79 ---

12. amiwaha ing kalih prakawis | putra jalu kalawan wanodya | pangran ngabèi arine | tinrimakakên iku | mring wadana kêparak kering | Rahadèn Jayèngrana | sarêng ing puniku | langkung gênging kang bawahan | pra dipati makajangan sawadyèki | munggwèng pasowanira ||

13. bêkta gamêlan sagung bupati | jawi lêbêt ambelani samya | ing pitung dina sêkatèn | akathah warnanipun | kang salendro pelog saruni | kang Carabalèn miwah | tuwin Kalaganjur | ingkang sami abêbêksan | lamun dalu damar lilin langkung asri | prapta ing panangkilan ||

14. kapatihan ing pakuwonnèki | Pangran Dipati Mangkunagara | gumêr gumuruh swarane | siyang dalu anayub | yèn rahina sawadyanèki | yèn dalu pra dipatya | kang sami angumpul | bupati jaba kewala | bupati jro kasukan ing srimanganti | sapara mantrinira ||

15. kawuwusa ing Surakartèki | wadanane wong kaparak kiwa | Pangeran Pakuningrate | kesah sakancanipun | para mantri panèkêt sami | tumut wadananira | inggate pinêthuk | Tumênggung Surawijaya | sabalane tigang atus kang turanggi | kawan atus kang dharat |

Lajêng nyandhak jilid 12.

--- [0] ---

Isinipun

... Kaca

66. Sunan Kabanaran bidhal saking tanah Pagêlèn badhe nêlukakên tanah pasisir, dumugi Talagawana kèndêl masanggrahan ... 3

67. Tumênggung Arungbinang kanthi prajurit Kumpêni ambêbujêng Pangeran Purbaya wontên ing tanah Pagêlèn ... 5

68. Sunan Kabanaran anglajêngakên tindakipun badhe anggêcak nagari Pakalongan ... 27

69. Sang nata ing Kabanaran badhe anggêcak Pamalang tuwin Têgal ... 45

70. Sunan Kabanaran badhe besanan kalihan Pangeran Natakusuma ... 49

71. Tumênggung Arungbinang kapêtêngan budi ... 51

72. Sunan Kabanaran kondur dhatêng Mataram. Pakalongan karêbat malih dhatêng Kumpêni ... 57

73. Tumênggung Arungbinang dipun panggihi sang rêtna ing Bulupitu ... 62

74. Ing Mataram ngrêmbag badhe nikahing pangantèn ... 74