Sastra Jawa

Program Digitalisasi Sastra Daerah

  • Increase font size
  • Default font size
  • Decrease font size

Babad Giyanti, Balai Pustaka, 1937-39, #985 (Jilid 12)

Katalog:Babad Giyanti, Balai Pustaka, 1937-39, #985
Sambung:
1.Babad Giyanti, Balai Pustaka, 1937-39, #985 (Jilid 01). Kisah, Cerita dan Kronikal | Babad Giyanti #1061.
2.Babad Giyanti, Balai Pustaka, 1937-39, #985 (Jilid 02). Kisah, Cerita dan Kronikal | Babad Giyanti #1062.
3.Babad Giyanti, Balai Pustaka, 1937-39, #985 (Jilid 03) . Kisah, Cerita dan Kronikal | Babad Giyanti #1063.
4.Babad Giyanti, Balai Pustaka, 1937-39, #985 (Jilid 04). Kisah, Cerita dan Kronikal | Babad Giyanti #1064.
5.Babad Giyanti, Balai Pustaka, 1937-39, #985 (Jilid 05). Kisah, Cerita dan Kronikal | Babad Giyanti #1065.
6.Babad Giyanti, Balai Pustaka, 1937-39, #985 (Jilid 06) . Kisah, Cerita dan Kronikal | Babad Giyanti #1066.
7.Babad Giyanti, Balai Pustaka, 1937-39, #985 (Jilid 07). Kisah, Cerita dan Kronikal | Babad Giyanti #1067.
8.Babad Giyanti, Balai Pustaka, 1937-39, #985 (Jilid 08) . Kisah, Cerita dan Kronikal | Babad Giyanti #1068.
9.Babad Giyanti, Balai Pustaka, 1937-39, #985 (Jilid 09). Kisah, Cerita dan Kronikal | Babad Giyanti #1069.
10.Babad Giyanti, Balai Pustaka, 1937-39, #985 (Jilid 10). Kisah, Cerita dan Kronikal | Babad Giyanti #1070.
11.Babad Giyanti, Balai Pustaka, 1937-39, #985 (Jilid 11) . Kisah, Cerita dan Kronikal | Babad Giyanti #1071.
12.Babad Giyanti, Balai Pustaka, 1937-39, #985 (Jilid 12). Kisah, Cerita dan Kronikal | Babad Giyanti #1072.
13.Babad Giyanti, Balai Pustaka, 1937-39, #985 (Jilid 13) . Kisah, Cerita dan Kronikal | Babad Giyanti #1073.
14.Babad Giyanti, Balai Pustaka, 1937-39, #985 (Jilid 14) . Kisah, Cerita dan Kronikal | Babad Giyanti #1074.
15.Babad Giyanti, Balai Pustaka, 1937-39, #985 (Jilid 15) . Kisah, Cerita dan Kronikal | Babad Giyanti #1075.
16.Babad Giyanti, Balai Pustaka, 1937-39, #985 (Jilid 16). Kisah, Cerita dan Kronikal | Babad Giyanti #1076.
17.Babad Giyanti, Balai Pustaka, 1937-39, #985 (Jilid 17). Kisah, Cerita dan Kronikal | Babad Giyanti #1077.
18.Babad Giyanti, Balai Pustaka, 1937-39, #985 (Jilid 18). Kisah, Cerita dan Kronikal | Babad Giyanti #1078.
19.Babad Giyanti, Balai Pustaka, 1937-39, #985 (Jilid 19). Kisah, Cerita dan Kronikal | Babad Giyanti #1079.
20.Babad Giyanti, Balai Pustaka, 1937-39, #985 (Jilid 20). Kisah, Cerita dan Kronikal | Babad Giyanti #1080.
21.Babad Giyanti, Balai Pustaka, 1937-39, #985 (Jilid 21). Kisah, Cerita dan Kronikal | Babad Giyanti #1081.

Serie No. 1259k

Babad Giyanti

Anggitanipun Radèn Ngabèi Yasadipura I ing Surakarta.

Jilid 12.

Bale Pustaka - 1938 - Batawi Sèntrêm.

--- [2] ---

Wêwênangipun ingkang ngarang kaayoman miturut anggêr ingkang kapacak ing sêtatsêblad 1912 No. 600.

--- [3] ---

Ing Mataram ngrêmbag badhe nikahing pangantèn.§ Miturut babon ingkang sumimpên ing Kon. Bat. Gen. v. K. en W.

16. kang nyaosi ing tundhanirèki | tundhan turôngga miwah rêmbatan | Pangeran Mangkuningrate | sagarwa putranipun | Wanakarta pamêthuknèki | sadalu alêlampah | êbyar praptanipun | nèng Jurangjêro kèndêlnya | wusnya aso atata gènya lumaris | wus prapta ing Pabrêgan ||

17. kang jinujug pakuwonirèki | kang Raka Pangran Mangkukusuma | wus lajêng ingaturake | lan kang para tumênggung | pan sadaya sami umiring | mring Kamangkunagaran | pangiriding laku | Mas Rôngga Wirasêtika | Jayadirja Dipati Suryanagari | Pangran Natakusuma ||

18. Pangran Mangkunagara manggihi | Pangran Pakuningrat ingandikan | ing ngriki salaman age | sarwi gumujêng guguk | êmèh bae kurang sathithik | Si Paman Pakuningrat | kasèp lakunipun | pangeran anuntên dandan | lajêng saos Pangran Mangkunagarèki | ing srimanganti prapta ||

19. canthèl atur sigra dèn timbali | lawan sagung kang para dipatya | miwah kang lagya praptane | praptèng byantara prabu | sèlèh dhuwung sigra ngabêkti | Pangeran Pakuningrat | sumungkêm ing suku | alon ngandika sang nata | pira adhi gêgawanira priyayi | kang milu marang sira ||

20. Pangran [Pangra...]

--- 4 ---

[...n] Pakuningrat awotsari | abdi dalêm mantri kang kaparak | amung kang nênêm mantrine | dene panèkêtipun | pan wolulas ingkang angiring | panglawe panajungan | sadaya ginunggung | ing dadose pitung dasa | mantri jawi kalayu sakawan nênggih | agêng lawan panêkar ||

21. mantri agêng bupati jro nênggih | kêkalihe pun Suraprameya | dene mantri panumpinge | Radèn Tôndha pukulun | lan pun Ôndakara satunggil | panèkête wolulas | kêkalih pukulun | ingkang sinêpuh ing karya | gih pun Bêdêr pun Bêndung ingkang satunggil | sami sêpuh ing karya ||

22. sri narendra angandika aris | iya Rôngga kabèh timbalana | mring ngarsaningsun dèn age | Mas Rôngga wêdalipun | têtêlukan Surakartèki | sadaya ingandikan | praptèng ngarsa prabu | sang nata angrês tumingal | karusakan panganggo wong bêcik-bêcik | sadaya pitung dasa ||

23. wusnya dangu samya kinèn mijil | kinon mondhok salèr Pakauman | winêdalan ing sorene | sinjang lurik puniku | lawan bathik pan tigang kodhi | kinèn maratakêna | yatra gangsal atus | kang anungkul sami suka | lêt sapêkên sang nata maringkên sabin | mring Pangran Pakuningrat ||

24. urut wajong kowat sèwu nênggih | gangsal atus Pangran Pakuningrat | kang gangsal atus kancane | sawêg pinaring sangu | suka tyase têlukan sami | wong mêntas kêkurangan | ing mangkya jinunjung | jarit [jari...]

--- 5 ---

[...t] picis lawan sawah | wus mangkana Tarnite pating kalêsik | samya miyarsa warta ||

25. ingkang sami main dhadhu nênggih | Tarnite dhadhu Mangkunagaran | Pangran Mangkunagarane | kang nuwun pêjahipun | pun Galèngsong sarowangnèki | wong Bugis bêbandhangan | awon manahipun | Galèngsong giris ing manah | botoh kalah ingopahan tuduh margi | Bayalali sinêdya ||

26. dalu mêgat bupati barêngi | nênggih Ki Tumênggung Wiranata | tinututan ing enjinge | kapalan kawan atus | Wiranata inggatirèki | wadyèng Mangkunagaran | ingkang ambêbujung | Tumênggung Kudanawarsa | pangiride lan Tumênggung Sukawati | Tumênggung Jayarata ||

27. para dêmang sadaya pangarsi | kêkapalane samya nyadasa | turôngga satus kumpule | Dêmang Bulukumêndhung | Rajêgwêsi myang Gondhangrawing | Dêmang Gongganggalungan | lawan Sojêngkilung | ing Mungkung miwah Sumêkta | sakancane sami bêbujung sakenjing | Tumêngung Wiranata ||

28. anakipun kinon andhingini | Surajaya marang Surakarta | sampun matêng pirêmbage | lawan tuwan upêrup | katur marang kangjêng sang aji | kalilan lampahira | dènnya arsa mêthuk | Yan Hindrik Johan Abraham | angundhangi dragundêr pitung dasèki | satus jalan kakinya ||

29. kalih atus ingkang Bali Bugis | Jawinipun Pangran Buminata | wus budhal sira lampahe | ing Baki praptanipun | wau ingkang dipun kêkinthil | Tumênggung Wiranata |

--- 6 ---

mogok lajêng campuh | nèng gunung Pare rame prang | ngundur-undur oprup amiyarsa bêdhil | utusan bantu ing prang ||

30. dragundêre kawan dasa nênggih | lawan upêsir Kumpêni Islam | wontên turôngga salawe | punika kinèn laju | Surajaya kang dèn tindhihi | lan Pangran Buminata | nuduh Patihipun | gajah barong kalih dasa | prajurite turôngga tumut rumiyin | lèr gunung Pare prapta ||

31. Wiranata dènira nadhahi | prange Tumênggung Kudanawarsa | Tumênggung Jayaratane | rame dènira campuh | asru bêrêg-binêrêg sami | kasaru praptanira | Surajaya antuk | dragundêr lajêng umangsah | mungsuh kagum kacakuthak ing ajurit | ingêdrèl akèh kêna ||

32. giwar ngisis prajuritirèki | sira Tumênggung Kudanawarsa | karepotan ing jurite | akathah ingkang lampus | gya Tumênggung Jayarata glis | têtulung saking kanan | saprajuritipun | wong Sukawati umangsah | rame campuh kalawan bala Kumpêni | ulêd dènira yuda ||

33. Ki Tumênggung Kudanawarsèki | mulat ing Tumênggung Jayarata | dènnya prang nangguhi rame | Kudanawarsa wangsul | rame malih ingkang ajurit | Tumênggung Wiranata | kuda kawan atus | sarêng dènnya nyêrot rampak | anyarêmpêng mungsuh kang tinêmpuh ngisis | Kumpêni sanjatanya ||

34. wanti-wanti pangêdrèlirèki | mawur malih kang mungsuh sarsaran | Tumênggung Jayaratane | kang maksih

--- 7 ---

malang megung | ginarudug marang Kumpêni | mantrinira têtiga | kang kacandhak lampus | tinigas katiga pisan | sapih kang prang Tumênggung Wiranatèki | ngalèr lawan Walônda ||

35. praptèng Baki Wiranata panggih | Oprup Yan Hindrik Johan Abraham | mulat kalangkung sukane | Bapak Wiranatèku | dawêg banjur marang nagari | turôngga gangsal bêlah | bandera wêwolu | sigra laju lampahira | pukul papat sapraptanirèng nagari | jujug loji sadaya ||

36. oprup lajêng tumamèng jro puri | tur uninga marang sri narendra | Wiranata ing praptane | timbalane sang prabu | makuwona sakidul Gadhing | oprup anulya mêdal | Wiranata pangguh | dhinawuhan ing parentah | sri narendra makuwon sakidul Gadhing | budhal sarta wajidan ||

37. kang kaprênah ing pakuwonnèki | sami suka wadya Surakarta | ngrasa bênggang jajahane | malih ingkang winuwus | pan Tumêngung ing Sukawati | aran Ranadiningrat | kêkapalanipun | kalih atus wus utusan | arsa nungkul mring Surakarta Sang Aji | Kapitan Bèl dinuta ||

38. amêthuka wetan Jatisari | lawan kadangira Wiranata | Suradipraja namane | bêkta kapalan satus | Kapitan Bèl bêkta Kumpêni | dragundêr tigang dasa | pan sampun kapêthuk | Tumênggung Ranadiningrat | praptèng Surakarta namane angalih | nênggih Ranadipura ||

39. sri narendra akarya srat aglis | sung upiksa

--- 8 ---

marang ing Samarang | punggawane mungsuh mangke | kêkalih kang anungkul | Ki Tumênggung Wiranatèki | lawan Ranadiningrat | saprajuritipun | pitung atus kêkapalan | tuwan oprup kang amêndhêt saking Baki | Hindrik Johan Abraham ||

40. mugi-mugi bapak dêlèr mangkin | ngapuntêna ing kalih punggawa | nêtêpna salêlênggahe | darapon ingkang kantun | aciptaa sami kapingin | dene pun Wiranata | lênggah kalih èwu | mantrinipun kalih wêlas | pan bupati pangarsa barêping baris | môngka manggalaning prang ||

41. kang satunggil tiyang Sukawati | nênggih Tumênggung Ranadiningrat | wondene ing lêlênggahe | mung sèwu kalih atus | maksih karèh sami bupati | Rôngga Wirasêtika | kalawan Tumênggung | Jayadirja kang lêlurah | angrèhakên pakaryanira ngajurit | dhatêng Ranadiningrat ||

42. bapak dêlèr yèn wus mupakati | nêtêpakên pakaryaning lama | nuntên kula kanthèkake | Paman Buminatèku | ngêlar-êlar ing kanan kering | nagari Surakarta | titi suratipun | idêlèr kalangkung suka | kintun badhe rasukan baludru abrit | kêkalih Wiranata ||

43. dhatêng Ranadiningrat satunggil | sawangsule idêlèr kang sêrat | sang nata ing sakarsane | cari baik tinurut | wus lumampah sêrat ngangsuli | praptaning Surakarta | katur sang aprabu | sang nata kalangkung suka | kunêng malih Galèngsong inggatirèki | Bayalali sinêdya ||

--- 9 ---

44. tinututan kacandhak Sênggani | tanah Jatinom Surawijaya | lawan wong Bugis kanthine | Kapitan Juwanèku | kancanira satus dèn irid | lawan lurah nirbaya | sèkêt kancanipun | Ki Ngabèi Sokarêja | lurah martalulut sakancanirèki | Ngabèi Natagarwa ||

45. lan lêlurah singanagarèki | sakancane Dêmang Ônggasrana | nèng Sênggani kasêlute | Galèngsong soroh amuk | ulêting prang kinêpung wani | rame tumbak-tinumbak | Galèngsong wongipun | pêjah ingkang kalih dasa | lurah singanagara tatu kang wêntis | Ki Dêmang Ônggasrana ||

46. lan Kapitan Juwana kang kanin | lawan jajar nirbaya kabranan | têtiga sangêt kanine | nanging tan wontên lampus | dadya uwal pangêpungnèki | dene wau Kapitan | Juwana kang tatu | mantri prajurit sadaya | sami kuwur de kêkasih dalêm kanin | pan Kapitan Juwana ||

47. dadya bênggang palajêngirèki | Krèng Galèngsong kari pitung dasa | wolulas tatu rowange | laju rikat lumayu | praptanira ing Bayalali | bilang marang kumêndhan | saking purwanipun | kabandhang nèng Pakalongan | mangkya minggat ingantêp manjing jro loji | kang nututi katingal ||

48. samya kèndêl anèng kidul loji | dèn mariyêm bubar wangsul samya | nututi tan antuk gawe | wus lajêng sami mantuk | sapraptane nagri Matawis | samya ngaturkên tiwas | kèndêl Bayawangsul |

--- 10 ---

duk kacandhak prang sakêdhap | nèng Sênggani kalih dasa kang ngêmasi | rencang nênêm kabranan ||

49. kunêng wursita Dêlèr Samawis | lampahira saking Pakalongan | lajêng marang Banyumase | bêkta dragundêr satus | kalih atus kang Bali Bugis | wong Jawane sadaya | nênggih gangsal atus | kang tumut tumênggung anyar | Batang Têgal satunggal praptanirèki | ing nagari Banyumas ||

50. Ki Tumênggung Yudanagarèki | maksih sangêt pan dèrèng sakeca | maksih amêrêm netrane | idêlèr praptanipun | lajêng dhatêng ing ênggènnèki | kang sakit pinaranan | wau ki tumênggung | rinangkul pan ingarasan | wusnya dangu idêlèr lênggah pribadi | mung putra-putra garwa ||

51. kang manggihi ya ta èstrinèki | Kyai Tumênggung Yudanagara | sinôngga mring tuwan idlèr | sarwi alon amuwus | mring kang garwa dèn ayu putri | sampun kasangêt maras | inggih radèn ayu | sakite raka andika | dede sakit angantarani ing pati | sakit-sakit kewala ||

52. radèn ayu kula gawa mêstri | inggih wontêna lilah andika | radèn ayu lon saure | sumôngga tuwan ngriku | mêstri bêsar sigra jampèni | sarirane sadaya | kang dinumuk-dumuk | lajêng tiniban ing sarat | satêngah jam ki tumênggung nulya tangi | lajêng sagêd alênggah ||

53. sami suka garwa lawan siwi | èngêt tan nyana idêlèr prapta | anulya rangkulan age | lajêng cium-cinium | nulya

--- 11 ---

mundhut idêlèr aglis | pramati arak jingga | manis raosipun | sinungakên duk sagêlas | mentak malih asêgêr sariranèki | pan antuk gangsal gêlas ||

54. Ki Tumênggung Yudanagarèki | mundhut dhahar ènthèng sariranya | angrasakakên warase | anadhah lan gupêrnur | apan lajêng sakecanèki | Tumênggung Arungbinang | wau praptanipun | kalawan Kapitan Bagrak | wus apanggih lajêng cêciuman sami | idêlèr langkung suka ||

55. atêtanya dêlèr kadipundi | ing kabare nagari Mataram | karyane mêngsah samangke | wau Kyai Tumênggung | Arungbinang alon nauri | tuwan ing sapunika | pan sawêg mêmantu | andina-dina kasukan | botên suwe ajar-ajar ing ajurit | inggih ing pêndhak pasar ||

56. amênêdi miwah ing prajurit | lan akarya busananing bala | anyalini rusakane | miwah cêcênthungipun | kang wus risak winangun malih | dêlèr malih têtanya | Pangran Purbayèku | baris ing pundi samangkya | anauri ngalêmpak wontên Matawis | kala mêmantu samya ||

57. tinimbalan kang atêngga tamping | pan sadaya samya ingandikan | binubarkên pangajênge | duk prêlu amêmantu | besanipun pan Adipati | Janingrat Pakalongan | jinunjung namèku | idêlèr goyang kapala | sarwi angling nora nyana Mangkubumi | tyas pandhe lêbih bêsar ||

58. sapa tau jadhinya bêgini | ki tumênggung inggih baris dika | pênêd ngangsêg ngetan [ngeta...]

--- 12 ---

[...n] manèh | dhatênga Watulêmbu | Ki Tumênggung nauri aris | tuwan mangsuli tenja | awon adatipun | gih môngsa kiranga papan | ingkang botên tilas kanggenan rumiyin | yèn tuwan wus parentah ||

59. Dêlèr Hondhorop lingira aris | dêstun têmên kularsa uninga | baris dika panggonane | bangêt kuwatiripun | yèn tinggala nagri Samawis | luwih sapuluh dina | yèn nora anglurug | wetan Samarang dèn ambah | cungal-cungul Si Paridan anglèncèri | karya susah asmara ||

108. Asmaradana

1. sudara kularsa mulih | manawi andika gadhah | ing ngarsa kêkirangane | sampun dika ngangge taha | sabarang kang tan ana | ing Pagêlèn dèn agupuh | utusana mring Samarang ||

2. sampun dika angajèni | barang isine Samarang | ya Samarang ya Pagêlèn | ya Banyumas Surakarta | Kumpêni wus akarya | wêwênang marang sirèku | jadhi pulmak ing karajan ||

3. wusnya tabe amit mulih | tumênggung lawan kapitan | wau dêlèr parentahe | kinèn angangsêg barisnya | marang Pagêlèn wetan | sawusnya cium-cinium | budhal saking ing Toyamas ||

4. wuwusên wau kang kèri | tuwan idlèr paparentah | sawadya Banyumas kabèh | pinundhutan sikêpira | Pamêrdèn lan ing Banjar | Ngayah Pasir Dhayaluhur | pinêpak sêsikêpira ||

5. sarta pêpak pacul linggis | wadung kampak cucuk dhandhang | wontên wong sèwu kumpule | kajawi priyayinira |

--- 13 ---

Kyai Yudanagara | wus winangsit lampahipun | dhatêng ing gunung Tompomas ||

6. tanah ing Pamrêdèn wukir | alit ing gunung Tompomas | Banyumas para mantrine | binêktakakên sadaya | praptèng gunung Tompomas | wadyagung andhudhuk gunung | gumêrah swaraning bala ||

75. Andhudhuk Redi Tompomas. Sultan Banten nyuwun pangayoman dhateng Sunan Kabanaran

7. kala wontên nèng Samawis | dêlèr wontên wong carita | gunung Tompomas Pamrêdèn | ing jrone pan isi êmas | upama dhinudhuka | sayêkti ta isinipun | mila dêlèr ngiras lampah ||

8. sawêg angsal kalih ari | wadya kang dhudhuki arga | nulya wau ing dalune | Mantri Samarang kêthikan | lan mantri bumi samya | kumpulan wong patang atus | kinon minggah nginggil arga ||

9. ambêkta wêdhi karikil | atêtumbon bata wadhas | sapraptèngirèng nginggile | wong kathah sarêng asurak | sarwi ngudani sela | pan ing wanci têngah dalu | udan watu pamondhokan ||

10. gègèr dragundêr kudèki | kathah bêcat sami giwar | dêlèr dalu-dalu bodhol | mantuk dhatêng ing Banyumas | sapraptane wêwarta | marang sira Ki Tumênggung | Yudanagara Toyamas ||

11. lamun binuru ing bêlis |

--- 14 ---

setane gunung Tompomas | mung rong ari pandhudhuke | êmase durung karuwan | nuli ngarutug sela | setane surak gumuruh | kadya surake manungsa ||

12. gumujêng wuwusiraris | Tumênggung Yudanagara | tuwan puniku adate | setane gunung Tompomas | sami ngingu darebas | yèn kongsia pitung dalu | tuwan pasthi dinarebas ||

13. lan mariyêm wontên ugi | dêlèr amiyarsa eram | cinarita ing lamine | tuwan dêlèr laminira | anèng Nagri Toyamas | nênggih tiga wêlas dalu | budhal mantuk mring Samarang ||

14. wangsul miyos siti Têgil | lampahe pan saliringan | lan Sultan Bantên langkunge | mila tan kagèt wong desa | ngambah tanah Toyamas | kinira manawa iku | bature Dêlèr Samarang ||

15. baline kaya ta iki | kinongkon bantu ayuda | maring Kêdhu mring Pagêlèn | milanipun katambuhan | anèng Lêdhok konangan | lamun Sultan Bantên iku | duk putra Tubagus Buwang ||

16. umadêg sri narapati | brawala lan kadang tuwa | pan samya jumênêng katong | kang anom kasoran yuda | milane ngili ngetan | nêdya ngungsi mring Matarum | suwita mêminta sraya ||

17. wong ing Lêdhok anarungi | nanging ingamuk tan tahan | kang ngadhangi bubar kabèh | ing Lêdhok wus kalangkungan | prapta Kêdhu lampahnya | jujug pabarisanipun | Dipati Suryanagara ||

18. pêpatihe têngga baris | Mas Dêmang

--- 15 ---

Puspawiguna | têlung atus jaranane | gêntèni baris Cacaban | tilas baris Walônda | dene ta lêlurahipun | Dipati Suryanagara ||

19. maksih wontên ing Matawis | dadya wau tur uninga | yèn Sultan Bantên praptane | dutane prapta Pabrêgan | katur dadya rinêmbag | wus rêmpêk ing rêmbagipun | Dipati Suryanagara ||

20. ingkang ingutus rumiyin | Dipati Suryanagara | manggihi lawan malihe | ananggunga praja liyan | bok guna-amiguna | dhustha mara sandi sadu | ananjak karti sampeka ||

21. nulya dutanira prapti | kang saking môncanagara | ingandikan bupatine | ingkang pinijig ing surat | Dipati Pranaraga | miwah Dipati Madiun | nanging èwêd aturira ||

22. tan wontên seba pribadi | acungan mantri kewala | sarta lan abon-abone | sapraptanira Pabrêgan | katur marang sang nata | ingandikan tan lumaku | sagung wong môncanagara ||

23. dadya wau animbali | sagung kang para dipatya | Pangran Mangkunagarane | ngirid sagunging punggawa | lawan ingkang dinuta | Rahadèn Darmasutèku | ingkang saking Pranaraga ||

24. kalawan suratirèki | Dipati Suradiningrat | mring pangeran wangsulane | sapraptanira jro pura | ngarsanira kang rama | surat katur rama prabu | winaos sinukmèng driya ||

25. sawusnya nguncalkên malih | saryalon kang pangandika | kulup waratakna kono | kancanira pra dipatya |

--- 16 ---

sigra wau Mas Rôngga | lawan Ki Jayadirjèku | kang kariyin inguncalan ||

26. saryalon dènira angling | Pangeran Mangkunagara | suwawi paman kalihe | mangke nuntên pra dipatya | sigra sami winaca | surat angsul-angsulipun | Adipati Pranagara ||

27. têmbunge kang salam taklim | mring Pangran Mangkunagara | pangeran andhawahake | timbalane Ingkang Rama | Susunan Kabanaran | animbali abdinipun | bupati môncanagara ||

28. kula bêktani kang abdi | pun Margaewuh punika | lan ambêkta abon-abon | kang katur rama paduka | tuwin dhatêng sampeyan | wondene kula pukulun | tinimbalan nuwun duka ||

29. pangraose ingkang abdi | pan ingih gampil kewala | sasat wus munggèng astane | angabdi môncanagara | siyang dalu sandika | nanging sami anênuwun | kang abdi para dipatya ||

30. kaungkurêna rumiyin | prasasat sampun kaasta | luhunga inggih kang dèrèng | pan inggih pun Cakraningrat | abdi dalêm Madura | inggih punika yèn sampun | anungkul rama paduka ||

31. kang abdi môncanagari | tan pantês dèn raosana | wusnya maos sadayane | sang nata alon ngandika | lah iya kaya ngapa | ing rasane layang iku | yèn mungguh ing tampaningwang ||

32. wus nora kêna dèn pikir | lan iku layang candhala | anjunjung angantêpake | sira bae kaya paran |

--- 17 ---

kulup MakunagaraMangkunagara. | apa wani ingsun adu | karo wong môncanagara ||

33. kang putra matur wotsari | pukulun inggih sandika | kang rama ngandika malèh | iya sapa sira têdha | kang dadi kanthinira | santana lan pra tumênggung | kang putra matur tur sêmbah ||

34. inggih santana satunggil | pun Adhi Mangkudiningrat | lan satunggal wadanane | inggih pun Kudanawarsa | inggih kalih kewala | pan inggih kawula suwun | gitik pun môncanagara ||

35. botên nuwun malih-malih | kang rama lêga kewala | iya yèn kaya mangkono | santana wus dhinawuhan | Pangran Mangkudiningrat | lan siji wadananipun | Tumênggung Kudanawarsa ||

36. sampun sami dèn dhawuhi | siyaga kapraboning prang | kang badhe kinanthèkake | ing Pangran Mangkunagara | anggitik Pranaraga | sru ngandika sang aprabu | ya kulup nuli budhala ||

37. lawan sira sun gawani | mantri jaba salawe prah | sigratur sêmbah lumèngsèr | sapraptane dalêmira | lajêng ngundhangi bala | amung gantya kalih dalu | pangeran dènira budhal ||

38. sawadyabalanirèki | wontên kalih èwu kuda | kèndêl Wêdhi sadalune | enjinge budhal angetan | praptèng Nglaroh Mantênan | masanggrahan kalih dalu | anuntên wontên susulan ||

39. kang putra ngandika malih | sabab ing mangke têtela | yèn Sultan Bantên praptane | Dipati Suryanagara | wus datan lêlawora | ing pawarta

--- 18 ---

wowor sambu | ing mangke pan sampun nyata ||

40. badhe sumiwèng Narpati | Pangeran Mangkunagara | kondur sawadyabalane | sapraptanirèng nagara | lajêng dadèkkên rêmbag | aprakara kang têtamu | cilik-cilik iku raja ||

41. pangeran umatur aris | inggih sami kinurmatan | punika ing sapantêse | yèn suwawi anglampahna | inggih priyayi kônca | bupati ingkang amêthuk | ing Kêdhu rumêksèng sêgah ||

42. ngandika sri narapati | iya kulup amataha | pangeran andhawuhake | anênggih Bupati gangsal | Tumênggung Jayadirja | ingkang pangirid ing laku | malih Tumênggung Môndraka ||

43. Tumênggung Wiradigdèki | lan Tumênggung Pusparana | Tumênggung Jayaratane | dene kang rumiyin lawan | Radèn Suryanagara | Ki Tumênggung Singaranu | lan Tumênggung Mangkudirja ||

44. dadya wêwolu bupati | kang rumêksèng anèng marga | tigang dina lêlakone | Pabrêgan lan Jampirasa | ing sabên pasipêngan | wadyanira kalih atus | Jêng Sultan Tubagus Buwang ||

45. sinaosan anèng margi | têtiga pakuwonira | satumênggung pangruktine | sugata mesa sakawan | pinragad minatêngan | kalangkung sinugun-sugun | pinapag pisalinira ||

46. pamrihira mila nênggih | sinungga ingêla-êla | kênaa dèn adu prange | lan ambêkta panêmbahan | Panêmbahan Kêstapa | ing ayuda pan misuwur | bisa ngangkahkên prang kêmat ||

--- 19 ---

47. kang mêthuk sapraptanèki | Têmpasaran Jampirasa | Tumênggung Jayadirjane | andhawuhakên timbalan | marang Ki Adipatya | Suryanagara kang dhawuh | amaringakên pamapag ||

48. tigang pangadêg kang bathik | mori kosa nyamping dhêsthar | saprangkat bathik sutrane | kêling ingkang sapêrangkat | bathik lurik kang kathah | jinangkêpan kalih atus | pinisalin sabalanya ||

49. wus samêkta budhalnèki | Dipati Suryanagara | ingkang môngka jarumane | mring Sultan Tubagus Buwang | Pakuwati nagara | samargi tan têbih wau | Dipati Suryanagara ||

50. sakawan kang pra dipati | kalima Suryanagara | katri kang jagani pondhok | bupati ngrukti sugata | lampah sadina prapta | ing pakuwon sampun pangguh | akathah warnaning kurmat ||

51. Sang Aprabu Pakuwati | Jêng Sultan Tubagus Buwang | langkung sandea driyane | bok luput pratingkahira | karaton ing Mataram | agung kalawan aluhur | yêkti ngèl traping wiweka ||

52. angrangu samargi-margi | Dipati Suryanagara | miwah wuwuh pananggunge | dènnya mrih ayêm ing driya | anggung nglahirkên sumpah | tan ana ingênggopipun | Dipati Suryanagara ||

53. Sang Natèng Mangkarawati | pisungsung pambengkas maras | sinungkên Carabalène | mring Radèn Suryanagara | angaku kadang tuwa | sinaguhan rêmak-rêmpu | yèn manggiha kalêpatan ||

54. ing marga datan winarni | lampahe wus tigang dina | kantun sadungkap praptane |

--- 20 ---

bupati ingkang dinuta | marang Suryanagara | tur uninga lampahipun | ing marga apêpucungan ||

109. PocungTeks asli: Pucung.

1. lampahipun pra wara duta wus katur | ing sadintên benjang | Sang Prabu Mangkarawati | praptanipun sumiwèng paduka nata ||

2. ya ta wau ngundhangi wadya sang prabu | sagung pra dipatya | sebaa anggawa baris | miwah para santana sabarisira ||

3. lami mêthuk ngandhangan baris sêsiyung | sagaduging wadya | prajurit jêro abaris | amananti ing alun-alun kewala ||

4. ya ta wau ing dalu datan winuwus | kawarnaa enjang | têngara samêktèng baris | saonjotan barise kang pra dipatya ||

5. wantu-wantu wadya gandhèk lir sêsulung | ingkang mêmariksa | Sang Prabu Mangkarawati | wuse cêlak miwah ta maksihe têbah ||

6. sang aprabu ngrasuka busananipun | arasukan takwa | baludru cêmêng sinuji | buldiran mas tulya sri kinêmbang-kêmbang ||

7. milanipun abusana sang aprabu | pan têtamunira | de sangu busananèki | Sultan Bantên ing bajorèki kewala ||

8. misru wungu ngirasa cêlananipun | mawi dhuwungira | paningsête cara Bugis | kuluk jangkung bundêre angalu alam ||

9. Sang Aprabu Kabanaran kulukipun | songkok ginarudha | parangrusak ingkang nyamping | pasêmone pan kadi Arjuna tuwa ||

10. wus supênuh panangkilanira prabu | mijil saking pura | ingapit pra tuwan sayid | Sayid Yusup lawan Sayid Ngabdulrahman ||

11. wurinipun [wuri...]

--- 21 ---

[...nipun] Pangran Rôngga Ngadilangu | awor Taliroga | sapraptaning pôncaniti | sigra lênggah sang nata munggèng amparan ||

12. kilènipun tuwan sayid kalihipun | lan Pangeran Rôngga | prasamya munggèng ing kursi | sri narendra ngandika marang kang putra ||

13. iya kulup wus parêk tamunirèku | Pangran Adipatya | Mangkunagara wotsari | nulya prapta Ki Tumênggung Jayadirja ||

14. nêmbah matur sampun cêlak ingkang tamu | sang nata ngandika | kulup mapaga pribadi | loring alun-alun sathithik ngulona ||

15. nêmbah mundur budhal saprajuritipun | wau kawuwusa | Sang Prabu MangkarapatiMangkarawati. | angling marang Dipati Suryanagara ||

16. kula matur kakang mas paran ing katur | kang sami ambêkta | saru kabêktèng sumiwi | matur alon Dipati Suryanagara ||

17. apan inggih pisahe ngriki pukulun | sampun sinaosan | pasanggrahan lèring masjid | kula nuduh ngirid punggawa satunggal ||

18. lah puniku pun Tumênggung Singaranu | wong botên gêgawa | têlung puluh wus ingirid | kang tut wuri gih Panêmbahan Kêstapa ||

19. apan iku Panêmbahan Kêstapèku | môngka gurunira | dene Sultan Pakungwati | wijilipun Singadita Pakêboan ||

20. wong Mataram kulon Sêgara puniku | nèng Bantên ngumbara | asring-asring anèng wukir | ngubalakên ngèlmu dhugdhèng katêguhan ||

21. milanipun Tubagus Buwang gêguru | putra Bantên mudha |

--- 22 ---

kang patutan saking sêlir | amarêngi rusuh Bantên madêg sultan ||

22. kang amangku iya Singadita iku | nama Panêmbahan | Kastapa kang mugarèni | mring Tubagus Buwang adêgira sultan ||

23. ya ta wau Suryanagara andulu | wetan pêpêthukan | Pangran Mangkunagarèki | gya jinawil Sultan Bantên gih punika ||

24. ingkang mêthuk katingal wetan puniku | nênggih putra tuwan | senapatining ajurit | gih Pangeran Dipati Mangkunagara ||

25. sigra mudhun saking ing turangganipun | gya paran-pinaran | tundhuk sêsalaman sami | ngacarani Pangeran Mangkunagara ||

26. têmbungnyarum lah suwawi paman prabu | paduka ngandikan | ing raka tuwan sang aji | ingantosan dangu anèng panangkilan ||

27. sigra laju wadyanira kalih atus | pipit lampahira | adu sikut adu gigir | sabature tan ana bênggang satêbah ||

28. kang andulu mèsêm basane lumaku | apipit-pipitan | nora kêna dèn sêlani | langkung sangêt rumêksanirèng bandara ||

29. lampahipun wus prapta waringin kurung | baris jawi munya | êdrèl barung Carabali | Kodhokngorèk kêndhang gong sêrunèn gumrah ||

30. praptanipun andungkap têtarub agung | gya Pangeran Rôngga | Ngadilangu kinon aglis | amêthuka bature sampun pinisah ||

31. kerid maju Pangran Rôngga Ngadilangu | Natèng Kabanaran | ngurmati kang lagya prapti | wus jumênêng munggèng ngarsane ngamparan ||

32. dyan lumayu

--- 23 ---

gapyuk angrungkêbi suku | alara karuna | Sang Prabu ing Pakungwati | dhuh pukulun ing pêjah gêsang katura ||

33. cinandhak wus gya tinarik astanipun | yayi prabu aja | dêdawa rêntênging galih | sumendhea yayi titahing Hyang Suksma ||

34. kinèn lungguh tunggil tuwan kalihipun | Sayid Ngabdulrahman | lan Sayid Yusup angapit | lan Pangeran Rôngga Ngadilangu samya ||

35. tan adangu sri bupati nulya kondur | wau ingacaran | Sang Prabu ing Pakungwati | dhèrèk lajêng tumamèng sajroning pura ||

36. kèndêlipun pandhapi pakuwonipun | wus tata alênggah | Pangran Mangkunagarèki | tinimbalan ngirid sagung pra dipatya ||

37. praptanipun ngabyantaranira prabu | sagung pra santana | miwah sagung pra dipati | kang sinuhun andangu sasolahira ||

38. duk rumuhun Sultan Bantên yudanipun | kalawan Walônda | wadyane kang wus ngêmasi | prang sataun tiga bêlah èwu pêjah ||

39. mêngsahipun inggih sèwu gangsal atus | kang Kumpêni pêthak | Kumpêni Slam ingkang mati | Bali Bugis Makasar pan kalih nambang ||

40. kawonipun kang mukul idêlèr undur | nanging loking kathah | bêkta wong agung Matawis | Pangran Pringgalaya Pangran Pakuningrat ||

41. milanipun rencang rungak yudanipun | misuwuring warta | bêkta pangeran kêkalih | têmah yudanipun mung sadintên dhadhal ||

42. milanipun lampah kawula pukulun | mêdal ing Pasundhan | gumyahe samargi-margi | jêng paduka ingkang nimbali [nimba...]

--- 24 ---

[...li] kawula ||

43. dutanipun satunggal pangeranipun | pangeran caraka | saking nagari Matawis | mila rungak kang sami ngungsir ing marga ||

44. sagènipun lampah kawula pukulun | songsong kuning mêgar | kalih ing samargi-margi | datan wontên kang purun-purun cêlaka ||

45. wusnya dangu pundhutan prapta ambrubul | anadhah sarêngan | myang santana pra dipati | sawusira carikan sadaya mêdal ||

46. wadyanipun Sultan Bantên sadaya wus | sinung jêjodhangan | miwah kang wus mondhok sami | wus binagèn sêkul pirang-pirang jodhang ||

47. wusnya pukul satêngah pat bubaripun | kinon masanggrahan | Sang Prabu Mangkarawati | lèring Masjid Agêng pasanggrahanira ||

48. kuwonipun kinêmit mantri sapuluh | ya ta enjingira | busana saking jro puri | rong pangadêg kinèn nganggo cara Jawa ||

49. kapalipun pinaringan kore dhawuk | wus simbar mutyara | kêkambile cara Jawi | bludru ijo sarwa mas saput prantinya ||

50. waos dhuwung asongkok parmata gumyur | anggare sarwi mas | kinadang-kadang sayêkti | sakalangkung dènira sinungga-sungga ||

51. dêdêgipun aronje sarwi alurus | jarote agawat | agagah bagus sayêkti | kadung-kadung ragi agal ing tênaga ||

52. sarwa patut pantês adhokoh prangipun | Natèng Kabanaran | kalangkung rêsêp ing galih | mata

--- 25 ---

kapèn mirib Pangeran Purbaya ||

53. umuripun sawêg têlung puluh têlu | kunêng kang winarna | kang pinrih ecaning galih | ya ta gantya wau ingkang kawuwusa ||

76. Dipati Cebolang ing Surabaya malik tingal mengsah Kumpeni dipun biyantu Sunan Kabanaran

54. kang cinatur ing nagara Surèngkewuh | Dipati Cêbolang | kang madêg ing Surèngwèsthi | kaputu mring Dipati Jayapuspita ||

55. kang alungguh kasêpuhan Surèngkewuh | nguni kang kanèman | Ki Tumênggung Sawunggaling | kang pinaring nama marang sri narendra ||

56. ingkang kombul mring Pranaraga Sang Prabu | nênggih Surabaya | pinacak bupati kalih | Sawunggaling Tumênggung Cakranagara ||

57. ingkang sêpuh pun Wirasraya puniku | wontên kasêpuhan | Sêcanagara namèki | kang kanoman Tumênggung Sasranagara ||

58. kalanipun kauningan tingkahipun | karya kabêcikan | ing Pangeran Mangkubumi | kala maksih nèng Sokawati Pangeran ||

59. akêkintun nênggih yatra tigang èwu | lan karbin wolulas | myang busana warni-warni | rolas pikul baludru miwah sangkêlat ||

60. cindhenipun agêng alit kawan pikul | lakune kawruhan | lami-lami mring Kumpêni | pan cinêkêl lan Dipati Sana Tuban ||

61. kalihipun sinarêng pambucalipun |

--- 26 ---

dadya Surabaya | dinadosakên satunggil | anakipun Tumênggung Sêcanagara ||

62. namanipun Dipati Cêbolang iku | wus madêg sawarsa | Surabaya dadi siji | pan ing mangke jinabêl malih kanoman ||

63. mring gupêrnur endranata kang tinandur | angsal kalih wulan | anulya ingamuk wêngi | pothar-pathir ngungsi loji endranata ||

64. baris kumpul mariyêm loji têtulung | rame bêbêdhilan | tan antuk marêpak loji | sami mundur mèt papan wong Surabaya ||

65. barisipun angêdohi lojinipun | nanging kurang yitna | Cêbolang pikirannèki | nora jawil ing sanak tuwa nom samya ||

110. Sinom

1. nora gêmêt maring sanak | ing têtika kurang titi | wontên trahing kaki tuwa | têdhak Ônggajaya nguni | kalih dadi pêpatih | ing kanoman ênggènipun | singa dadi dipatya | ing kanoman amatihi | nama Ônggajaya lawan Jadirana ||

2. majanani marang sanak | pangrasane wus anganthi | têdhak Dipati Jangrana | pun Jaka Tangkêban maksih | sinung nama Ngabèi | Jangrana kêkalihipun | trah Panji Surèngrana | ing Lamongan wus kinanthi | iya sinung nama Panji Surèngrana ||

3. duk nalika pêngaburnya | mring Radèn endranatèki | Jadirana Ônggajaya | tinuduh bêkta mring loji | Ratu Madurêtnèki | sapraptane loji gupuh | Jêng Ratu Madurêtna | wau ta pêpatih kalih | wus tinukup [tinuku...]

--- 27 ---

[...p] Ônggajaya Jadirana ||

4. sigra Petor Surabaya | kintun sêrat mring Samawis | tur uninga lamun bubrah | nagara ing Surawèsthi | Cêbolang ngamuk wêngi | endranata sampun kabur | mangke wong Surabaya | wus umadêg pacak baris | pan inganggêp ing Susunan Kabanaran ||

5. nanging Petor Surabaya | kêkalih antuk wong bumi | têdhakipun Ônggajaya | punika sêpuh pribadi | sami trah Surawèsthi | pun Ônggajaya kang sêpuh | dêlèr duk amiyarsa | sigra angangsuli tulis | paparentah marang Petor Surabaya ||

6. Radèn Arya endranata | kinèn mulih mring Samawis | Ônggajaya Jadirana | kinèn amacak bupati | lan suratira malih | ingkang marang Madurèku | anênggih panêmbahan | kinèn gitik Surawèsthi | lawan ngadêgêna bupati kalihnya ||

7. surat kang praptèng Madura | miwah praptèng Surawèsthi | Panêmbahan ing Madura | sampun ngundhangi prajurit | samêkta budhal aglis | atusan baitanipun | pangajêng sampun prapta | prajurit kang jujug loji | kang sapalih mêdal Grêsik dèrèng prapta ||

8. wuwusên Sang Adipatya | Cêbolang dènira baris | maksih anèng jro nagara | kidul wetaning Pinilih | kumpule kang prajurit | arahên salêksa langkung | apan dèrèng tinata | kasêlak miyarsa warti | praptanira bantu prajurit Madura ||

9. Panêmbahan Cakraningrat | kang sampun wontên ing

--- 28 ---

loji | anandur Ki Ônggajaya | ingkang sêpuh anêtêpi | namanira ingalih | Côndranagara Tumênggung | dene ta ing kanoman | Jadirana kang kinardi | maksih nama Tumênggung Jayadirana ||

10. nging maksih nama kewala | dèrèng antuk wong sawiji | wau Dipati Cêbolang | kang baris anèng Pinilih | andadèkakên pikir | badhe utusan asung wruh | mring Sunan Kabanaran | kang ngadhaton ing Matawis | nuwun bantu lan nuwun kèn jênêngana ||

11. mantri kêkalih dinuta | amomor mêdal Sumêmi | anjog Jipang Garobogan | anjujug Martapurèki | linajêngakên aglis | kinanthenan dutanipun | duta Kamartapuran | sapraptanirèng Matawis | kang jinujug Dipati Suryanagara ||

12. wus lajêng binêkta seba | marang Suryanagarèki | prapta Kamangkunagaran | lajêng sowan mring jro puri | lan sagung pra dipati | prapta lajêng canthèl atur | Pangran Mangkunagara | ngandikan lan pra dipati | praptèng ngabyantara angaturkên sêrat ||

13. kang saking ing Surabaya | Tumênggung Sindusastrèki | surat kinèn amaosa | têmbunge kang ponang tulis | kang saking Surawèsthi | ingkang taklim katuripun | pun Dipati Cêbolang | kang pilênggah Surawèsthi | kaatura ing raka sang adipatya ||

14. gumêr ingkang apêparab | Panêmbahan Talimurti | pramuka jaya mintara | mustakaning ahli budi | kang pra wignya palinggih | nagri Garoboganipun | ri wusnya

--- 29 ---

sapunika | kakang kawulatur pèksi | kula gusah dhatêng raka jêngandika ||

15. gih Radèn Aryendranata | kawula amuk ing wêngi | katur ing mangke kawula | wus umadêg pacak baris | inggih angêpung loji | ing Surabaya kakêmput | Kumpêni datan mêdal | ambêdhili saking loji | ingkang bantu Panêmbahan Cakraningrat ||

16. nanging sawêg jêng-ajêngan | dèrèng campuh ing ajurit | kula lawan wong Madura | mila kakang nuwun kang sih | amrih katur ing gusti | pratingkahing Surèngkewuh | Sang Natèng Kabanaran | kang abdi nuwun têtindhih | yudanipun ingkang abdi Surabaya ||

17. kalawan kula miyarsa | jêng gusti sri narapati | amiwaha ingkang putra | mundhut besan ingkang rayi | Jayaningrat Dipati | Pangran Natakusumèku | ing mangke kula kakang | ngaturi pratôndha kêdhik | mung sakodhi sinjang kêling ciyut wiyar ||

18. lan cindhe panjang sadaya | sarêmbat pala lan malih | tigang èwu warni yatra | titi tamat ingkang tulis | mangkana sri bupati | graita salin kang rêmbag | karsa nyaliranana | anjênêngi ing ajurit | ingkang Putra Pangeran Mangkunagara ||

19. ingkang kinarya warana | angundurakên prajanji | sagahe sri naranata | mring sagung para dipati | pasisir kilèn sami | sawusnya mêmantu wangsul | ngradin sawetan Têgal | nênggih sakilèn Samawis | mila sande Pangeran Mangkunagara ||

20. ingkang ngaturi mangetan | gêcak loji Surawèsthi | anjênêngi yudanira |

--- 30 ---

bupati bang wetan sami | dene ingkang pakêlir | sandene ngilèn sang prabu | anênggih ari nata | Sang Prabu Mangkarawati | kinanthenan santana myang pra dipatya ||

21. Pangeran Adiwijaya | Pangeran Purubayèki | Pangeran Mangkukusuma | Pangran Natakusumèki | dene kang pra dipati | sadayanira sapuluh | sakawan pra dipatya | ingkang saking ing pasisir | kalimane Pangeran Natakusuma ||

22. bupati kang paparentah | ing têgêse senapati | Ki Tumênggung Jayadirja | Suryanagara Dipati | bupati jajarnèki | Môndraka Wiradigdèku | Tumênggung Mangkudirja | Tumênggung Jayaratèki | Pusparana Tumênggung Jagaulatan ||

23. Tumênggung Tirtanagara | Cakrajaya Sawunggaling | Tumênggung Kartanagara | Tumênggung Ngurawan malih | dene ingkang pasisir | Tumênggung Danurêjèku | Tumênggung Surabaya | lawan Wiranagarèki | lan Tumênggung Cakranagara Pamalang ||

24. dene kang badhe binêkta | nênêm kang para bupati | wadana jrone sakawan | Mataram tumênggung siji | Jayasambodra nênggih | kalawan lurahnya katur | Tumênggung Sindusastra | pangeran putra kêkalih | pangerane santana amung satunggal ||

25. dene kang pinatah têngga | ing Pajang kanêm bupati | Tumênggung Surawijaya | Suramangunjaya malih | Suradigdaya tuwin | Tumênggung Surawinangun | Tumênggung Kartadirja | Brajadênta Brajamusthi | kapitune Adipati Martapura ||

26. punggawa ingkang binêkta | Tumênggung [Tu...]

--- 31 ---

[...mênggung] Janapurèki | Mas Rôngga Wirasêtika | Radèn Jayèngrana nênggih | Janingrat Ki Dipati | Jayasambodra Tumênggung | Tumênggung Sindusastra | sakancanira tan kari | paparentah sang nata ngundhangi bala ||

27. kang rayi wus sinung bala | Sang Prabu ing Pakungwati | tigang atus kêkapalan | têtindhih mantri kêkalih | magang bang kilèn sami | Ngayah Pasir Dhayaluhur | Panjêr Pamêrdèn Banjar | samêkta kang badhe ngiring | salampahe wong Sultan Tubagus Buwang ||

28. Dipati Suryanagara | budhalira angriyini | wus alajêng saha bala | kang ngilèn wus sami pamit | Sang Prabu Pakungwati | lan para pangeran sampun | miwah kang pra dipatya | pêrnata ing sri bupati | sadayanya pinoma-pomèng pitungkas ||

29. tigang èwu kêkapalan | kang pinanci sri bupati | binêktakkên ari nata | Sang Prabu Mangkarawati | Pangran Mangkunagari | ngumpul kuda kalih èwu | lawan Kudanawarsa | kalawan wau kang rayi | ingkang ngilèn kawan èwu kêkapalan ||

30. kang pra dipati sadaya | papat pangeranirèki | kalawan raja satunggal | Sang Aprabu Pakungwati | Sawal budhalirèki | Jumuwah pitulasipun | jroning taun Jimawal | langkung agêng ingkang baris | sami kèndêl rêmbagan anèng Tangkilan ||

31. Pangeran Adiwijaya | pangandikanira aris | hèh Adhi Mas Purubaya | Dhimas Mangkukusumèki | Kakang Jayadirjèki | Dhimas Suryanagarèku | lan sagung pra dipatya | paran [para...]

--- 32 ---

[...n] rêmbuge ngong tari | laku iki apa kumpul apa pisah ||

32. Dipati Suryanagara | ature inggih suwawi | amrih pakantuke lampah | timbalan ri padukaji | kinon angrêbat nuli | ing pasisir kilènipun | Pagêlèn lan Toyamas | pan rayi sampeyan kalih | apan kagungane Pagêlèn sadaya ||

33. ing Kêdhu inggih paduka | kula punika jênêngi | lan pun Kakang Jayadirja | paduka ingkang bawani | sagung ingkang prakawis | pratikêle aprang pupuh | dene rayi paduka | Sang Prabu ing Pakungwati | tuwan tetah parentahe ari nata ||

34. mênggah ing rayi paduka | Sang Prabu Mangkarawati | winêling ing rayi nata | ing Toyamas kinèn gitik | sintên paduka tuding | kônca kula pra tumênggung | kawulatur prayoga | punika lamun suwawi | lan paduka pun Tumênggung Mangkudirja ||

35. yèn wontên ungguling lampah | bêndara pangeran kalih | saking Pagêlèn dèn rikat | ngangkaha mêpêki Têgil | dipun anêdya ugi | anêpungi lampahipun | inggih rayi sampeyan | Sang Prabu ing Pakungwati | kula ingkang dhêsak Batang Pakalongan ||

36. wus dadi ingkang pirêmbag | Sang Prabu ing Pakungwati | budhal mangilèn sawadya | lan urunan para mantri | sapuluh wadyanèki | kêkapalan kalih atus | lan Tumênggung satunggal | Tumênggung Mangkudirjèki | tigang atus bala prajurit turôngga ||

37. akathah prajurit dharat | miwah Sultan Pakungwati | balane [ba...]

--- 33 ---

[...lane] kang sami dharat | mung tigang dasa turanggi | kang ngilèn winatawis | kathahira kalih èwu | kang ngidul ngilèn ika | Pangeran Purubayèki | lan kang rayi tigang èwu balanira ||

38. ingkang ngalèr Jêng Pangeran | Adiwijaya akanthi | Dipati Suryanagara | Tumênggung Jayadirjèki | lawan Tumênggung malih | Môndraka lan Singaranu | Tumênggung Wiradigda | Tumênggung Ngurawan malih | Jagalatan loro putra Mangkuprajan ||

39. kang tuwa Mangkuwijaya | anèm Mangkudiwiryèki | dene ta pasisirira | Pangran Natakusumèki | lampah sampun binagi | kang ngalèr ngulon angidul | Pangran Natakusuma | wus pisah sawadyanèki | kang angirid para dipati sakawan ||

40. Barêbês Batang Pamalang | sakawan Tumênggung Têgil | gunggunge ingkang gêgaman | kawan èwu malah luwih | wau bala Kumpêni | kang sami baris ing Kêdhu | sami mire sadaya | dhatêng ing Bahrawa malih | pangrungune kang prapta Sunan Banaran ||

41. lami-lami kapiyarsa | yèn dêdamêl ingkang prapti | dede Sunan Kabanaran | Sakèbêr umangsah malih | kumpul sagung upêsir | miwah kang para tumênggung | wau Kapitan Sungrat | Ludnan Kulman kang tinuding | andhingini Sakèbêr kang anèng wuntat ||

42. wus prapta Kêdhu sadaya | ajêng-ajêngan prasami | Pangeran Adiwijaya | amrih landhung ingkang jurit | rêmbag lampaha malih | Pangran Adiwijayèku | bêkta bupati kapat | Môndraka Wiradigdèki |

--- 34 ---

Jagalatan lawan Tumênggung Ngurawan ||

43. Dipati Suryanagara | Tumênggung Jayadirjèki | wus nyabrang Kilènpêraga | nganthi punggawa pasisir | Parakan dènnya baris | ngalèr ngetan ajêngipun | baris mawi pangarsa | sapunggawa kang tinuding | ingkang wetan Pangeran Adiwijaya ||

44. sampun campuh ing ayuda | nèng Kêtos dènira jurit | amêngsah Kapitan Sungrat | Islame Kapitan Trohi | wantêr katoning jurit | sakumpênine kang ngamuk | lawan Lidnan ing Sungrat | Kulman têtêg ing ajurit | pinarpêkan sinarêmpêng ing ayuda ||

45. Pangeran Adiwijaya | sakancane pra dipati | kuwur sami karepotan | nadhahi drèling Kumpêni | akathah kang ngêmasi | prajurite kathah mawur | Pangran Adiwijaya | yudane wus angoncati | mundur mapan ing Tarayêm ênggènira ||

46. Dipati Suryanagara | Tumênggung Jayadirjèki | miyarsa lamun Pangeran | Adiwijaya ginitik | Kumpêni ing Bahrawi | kang mêngsah ngrêbat ing Kêdhu | Tumênggung Jayadirja | Dipati Suryanagari | atêtulung sawadya nabrang Paraga ||

47. angingêri saking wuntat | bala Kumpêni miyarsi | mundur ngalèr ngetan samya | kèndêl amapan ing Pingit | sagung bala Kumpêni | lan Sakèbêr wus akumpul | kathah Kumpêninira | jêjagang kukuh nèng Pingit | pirêmbagan Dipati Suryanagara ||

48. lan Tumênggung Jayadirja | badhe nukup baris Pingit | Pangeran Adiwijaya |

--- 35 ---

sampun nguruni prajurit | bubare têngah wêngi | pêpilihan wolung atus | anèng marga kacandhak | prahara drês udan angin | lawan sangêt mêndhung dhêdhêt palimêngan ||

49. tan ana kang wruh ing marga | kèndêl padhusunan sami | sadalu drês ingkang jawah | malah rintên sirêpnèki | bubare pan kaèksi | kang baris Pingit andulu | ana gêgaman mêdal | saking padhusunan sami | yèn têngara gawe rêge pamondhokan ||

50. Kapitan Sungrat miyarsa | yèn mêngsah Kilènpêragi | Dipati Suryanagara | Tumênggung Jayadirjèki | ngawêd saking ing wuri | dadya watir ing tyasipun | dalu baris Walônda | wangsul mring Bahrawa malih | benjing mangsah lan Sakèbêr guladrawa ||

77. Sunan Kabanaran badhe nêlukakên tanah bang wetan

111. Dhandhanggula

1. ya ta kunêng kawuwusa malih | wulan sapisan ing Dulkangidah | Natèng Banaran budhale | angetan sêdyanipun | jangkung prange wong Surawèsthi | ngiras angrata samya | môncanagarèku | maksih nunggal taunira | prang Pajênar prang Pakalongan sami |Kurang satu suku kata: prang Pajênar aprang Pakalongan sami. salêbêting Jimawal ||

2. balanira pan kadya jaladri | pasanggrahan kinon bêsmènana | sadintên wau lampahe | pasanggrahan ing Jêmbung | enjing budhal [budha...]

--- 36 ---

[...l] sawadyanèki | lir panjrahing puspita | busanèng wadyagung | kèndêl dalu masanggrahan | kalêrêsan sadalu budhale enjing | ing Sukawati prapta ||

3. wontên duta praptèng tur udani | saking Pangeran Mangkunagara | atur uninga lampahe | inggih dèrèng acampuh | dènnya gêcak ing Pranaragi | ingkang darbe nagara | bêbitinge mêthuk | wontên margi ing Barangkal | jurang kali langkung angèl mriyêmnèki | kathah wontên Barangkal ||

4. badhe menggok wontên jurang gawing | inggih anjog Magêtan kewala | putra paduka lampahe | nênggih ping kalihipun | wontên duta ing Surawèsthi | praptane tur uninga | kawon yudanipun | pun Adipati Cêbolang | sampun kontal anèng Pasêdhahan ngungsi | dhatêng Wiranagara ||

5. nênggih sutanira Mas Ibrahim | Ki Bêrahim Surapatisuta | mangkya angadêg barise | Pasuruhan ginêpuk | loji Gêmbong nêpungi mangkin | lawan sakadangira | sutèng Brahim agung | dadya sang nata utusan | matêdhani wuninga marang kang rayi | tuwin dhatêng kang raka ||

6. maring Kêdhu mring Pagêlèn sami | mêdal Jèbrès lampahe caraka | Tumênggung Pusparanane | lan Brajadêntanipun | kuda tigang atus lumaris | ing Salaka gegeran | narka wowor sambu | gêlare Natèng Banaran | nulak wangsul gêgaman ingkang lumaris | Kodhan pangilènira ||

7. dadya wau Rahadèn Dipati | Pringgalaya kang

--- 37 ---

baris Kaleca | dhadhal budhal sawadyane | marang nagari mantuk | sarwi ngungak-ungak kang baris | kalangkung sampun têlas | amung tigang atus | ngungun Radèn Pringgalaya | panarkaning kalangkung barêping baris | kinira wuri kathah ||

8. tiwas sampun ngaturi upaksi | marang Yan Hindrik Johan Abraham | oprup siyaga bantune | lampahira kapêthuk | angrêrêpa radèn dipati | tuwan apura dika | kula pan anggugu | ature têlik manira | yèn lampahe Susunan Amangkubumi | badhe anikêl sêmat ||

9. inggih ajêng anggêcak mariki | wau enjing dêdamêl kang lintang | pan kêkalih punggawane | turôngga tigang atus | malah langkung yèn winitawiswinatawis. | kantun-kantun ing wuntat | têlas tan kadulu | oprup alon saurira | kula angsal sêrat kang saking Samawis | dêlèr têlike nyata ||

10. yèn lampahe Sunan Mangkubumi | èstu jênêngi marang bang wetan | wong Surabaya yudane | wangsul mangilèn wurung | mung pangeran katri lumaris | kapatipun Pangeran | Natakusumèku | kalima Tubagus Buwang | Sultan Bantên sapuluh kang pra dipati | kang mangilèn sadaya ||

11. sun watara Justak kang ngarani | pasthi ngetan Sunan Kabanaran | uprup alon parentahe | baris Kalecanipun | pênêd bubar radèn dipati | dawêg apêpikiran | sarêng antukipun | Adipati Pringgalaya | apan tumut lajêng sapraptane loji | manggil [mang...]

--- 38 ---

[...gil] Puspanagara ||

12. nulya wau prapta anèng loji | sira Tumênggung Puspanagara | Oprup Abraham dêlinge | bapak andika matur | inggih dhatêng sri narapati | yèn suwawi ing karsa | kadhaton puniku | pênêdipun bètèngana | alêlaren tinêpungakên lan loji | amrih sami karêksa ||

13. Puspanagara Tumênggung angling | gih prayogi tuwan pan sambada | kula umatur ing mangke | sigra kyai tumênggung | manjing pura ngarsèng narpati | ngaturkên aturira | uprup canthèl atur | kadhaton dalêm punika | yèn marêngi badhene dipun bètèngi | jagang larèn ubêngan ||

14. tinêpungkên inggih lawan loji | sri narendra anurut kewala | Oprup Abraham rêmbuge | Ki Puspanagara wus | wêdalira saking jro puri | wangsul mring loji prapta | panggih lawan oprup | katur sang nata wus lêga | langkung suka wau kalane miyarsi | Hindrik Johan Abraham ||

15. badhe prabeya kang dèrèng pikir | nganti badhe asowan priyôngga | kunêng kang winuwus malèh | lampahe Sang Aprabu | Kabanaran kang lagya prapti | Sukawati rêrêpnya | mung rong ênggènipun | duta saking Surabaya | apan dèrèng linilan mantuk pribadi | benjing sarêng sang nata ||

16. duk dinangu kawonira nguni | kaya paran pratingkahing aprang | dene ta gêlis lampahe | iya kaya wong Kêdhu | Surabaya tusing prajurit | caraka Surabaya |

--- 39 ---

sigra nêmbah matur | dèrèng matêng kang pirêmbag | prajanjean lawan pra sêntana sami | anuntên tiyang Koja ||

17. praptanipun pakuwon Japani | kêkêsipun wong sapabarisan | pramila ical surane | wondene rêmbagipun | Adipati Cêbolang nênggih | lawan ingkang santana | pan têtilaripun | nguni Dipati Jangrana | gih pun Jaka Tangkêban punika maksih | ran Ngabèi Jangrana ||

18. rêmbagipun Jangrana Ngabèi | mêngsah kêkalih sami bubuhan | Kumpêni lan Madurane | Jangrana rêmbagipun | paran iki anak dipati | yèn tuwan bubuhana | lan Kumpêni mungsuh | yèn wontên ungguling aprang | bêdhah ngloji apa saisine loji | reyang dhewe duwea ||

19. pakênira aja melik-melik | lamun reyang sira bubuhana | mungsuh lan wong Madurane | lamun pinarêng unggul | reyang jaluk nagri sapalih | ing loji parêng mara | reyang soroh amuk | lan sanak para sadaya | aja cincing têlês wong mungsuh Kumpêni | dipun anêdya pêjah ||

20. Adipati Cêbolang tan angling | durung jawa wuwuse kang tuwa | ing ayuda prajanjine | sagung prajuritipun | samya ngêpal raosing galih | dene ta ingkang tuwa | Jangrana puniku | duk rare Jaka Tangkêban | sadurunge rabi wus dadya prajurit | prawira widigdaya ||

21. mila gêmpal tyase kang prajurit | dadi Jangrana Jaka Tangkêban | durung kapenak [kape...]

--- 40 ---

[...nak] atine | sapa pangiridipun | ing ayuda manggalèng jurit | kang têtela prawira | ambêk sura nêmpuh | Jangrana Jaka Tangkêban | wadya bênthèt prajurit iing. Surawèsthi | nir cakut ing ayuda ||

22. nuntên Koja prapta ing Japani | lajêng bubar baris Surabaya | sarêng Madura angsahe | lawan Kumpêni mukul | wismanira Sang Adipati | Cêbolang wus kancikan | kang pinacak sampun | tumênggung kêkalih mangkya | narubakên suyud wadya Surawèsthi | Cêbolang tulus ilang ||

23. langkung ngungun wau duk miyarsi | nênggih Susunan ing Kabanaran | alon wau timbalane | kalêbu tiwasipun | Si Dipati Cêbolang iki | durung tate mangun prang | atine ta cubluk | wusnya kang durung karuwan | dèn kukuhi gawe têkaburing ati | tan wande kasor ing prang ||

24. apa warnane nora abêcik | dene putune Jayapuspita | têka mêngkono têkone | kaya bèbèt wong buruh | maring donya têka nyakithing | lamun trahing prawira | donyane tan ketung | angrêbut dadine karya | liwat beda petunge dagang myang jurit | sarat wani kelangan ||

25. dutèng Surabaya dèn kasihi | pan samarga-marga tan kêna sah | ingandikan sabên rèrèn | gantya malih winuwus | Adipati ing Pranaragi | kang baris ing Bêrangkal | lan sakancanipun | bupati môncanagara | ingkang pisah pan amung Madiun kalih | katiga ing Caruban ||

26. baris wontên nagrine [na...]

--- 41 ---

[...grine] pribadi | dene Susunan ing Kabanaran | kang têdhak ngalèr barise | badhe mukul Madiun | anèng Murong barisirèki | Tumênggung Jagaraga | seba wus anungkul | lajêng kinarya pangarsa | mantunipun ing Pangran Madiun nênggih | Madiun kasêpuhan ||

27. uwal saking tanah Sukawati | saha bala lir ardi pawaka | masanggrahan ing Carême | wau nagri Madiun | duk miyarsi yèn pinarpêki | mring Natèng Kabanaran | langkung susahipun | wong cilik gègèr busêkan | dene mêngsah balane kadi jaladri | Sang Natèng Kabanaran ||

28. sami baris lun-alunirèki | sèwu limang atus kang turôngga | pinêpak sagung wadyane | nanging tyasira kuwur | angantosi ing Pranaragi | yèn mogok andhepoka | ing Madiun anut | duk lagya sami rêmbagan | baris osik ana raja duta prapti | saking Natèng Banaran ||

29. mantri anom kaparak tinuding | Puspawijaya Purwawijaya | mandhi surat panantange | wontên duta sapuluh | datan mawi dharat satunggil | nêrak baris angidak | sarwi nguwuh-uwuh | êndi mantri kang prayoga | wong Madiun tutura gustinirèki | yèn ana duta prapta ||

30. mantri tanaya gupuh tur paksi | Patih Madiun kêkalih pisan | kang ngirid duta kalihe | wus praptèng alun-alun | wau Pangran Madiun kalih | mêthuk ing duta prapta | kalih wus atundhuk | têdhak sing kuda sang duta | ingaturan anèng pasowan [paso...]

--- 42 ---

[...wan] ing jawi | tata sami alênggah ||

31. Pangran Madiun sêpuh nampèni | sêratira Natèng Kabanaran | duk winaos bêbukane | hèh pèngêt layang ingsun | Jêng Sri Naranatèng Matawis | ngadhaton Kabanaran | kang surèng prang pupuh | kang sayêkti wus pratôndha | lamun darah Panêmbahan Senapati | prawira ing ayuda ||

32. lan dhawuha iya salam mami | mring Kakang Arya Mangkunagara | lan maring Sewaka kowe | kapindho lawan ingsun | iya ngantêp marang sirèki | tuwin maring Si Kakang | Mangkunagarèku | dèn padha ujar sapisan | ujudira kang sayêkti marang êndi | aja na ngamandaka ||

33. apa kudu mopo ta sirèki | nora ngeman kêkêratoningwang | dèn padha pasaja bae | dèn pasthi aja tanggung | bêcikana kuthanirèki | lêlarèn jêrokêna | nagara Madiun | datan nganggo larèn jagang | dèn abêcik dèn padha angungsi pati | payo sêmayan dina ||

34. lawan padha amilang prajurit | aja ana ingkang luwih kurang | payo aprang mapak bae | dêstun têmên wak ingsun | iya arsa kêramas gêtih | mati ngasmarèng laga | mungsuh wong Madiun | lan sira sun wèhi murah | lah apitên tandhing wong Pajang Matawis | lan wong môncanagara ||

35. ya Sewaka pikirên kang bêcik | lan Si Kakang Amangkunagara | karana sapisan kiye | tan kaya dhingin ingsun | iya kêna kok sêmayani | bala sandhung kewala | ya sira sun turut | ing samêne uwis nora |

--- 43 ---

babar pisan wus titi tamat kang tulis | kalihe duk miyarsa ||

36. andhêkukul sarwi brêbês mili | kadipundi gih punika anak | dene asangêt dukane | kula salaminipun | inggih sami nungkul ing batin | ing punika punapa | wontên kang wêwadul | duk sang nata nglurug marang | ing Pagêlèn Kêdhu lajêng mring pasisir | pintên ta laminira ||

37. wontên punapa ing Sukawati | kula jagongi saking kadohan | yèn kula priha rusake | abdine kang tut pungkur | yèn pinriha gêmpaling ati | ing wuri Sukawatya | yèn pinriha rusuh | lah dawêg dipun tutuha | dene mangke kula ajrih amangsuli | langkung sumanggèng karsa ||

38. kinarsakna tinumpês kang abdi | apan môngsa ta inggih sandea | yèn kêni-kênia mangke | pan ajrih darbe atur | yèn sagêda inggih cêmuwit | bok inggih dèn antosa | ing kantênanipun | Dipati Suradiningrat | lan kang Putra Dipati Mangkunagari | pan sawêg yun-ayunan ||

39. inggih dèrèng kantênan ing jurit | asor unggul yèn sampun kantênan | sayêkti kawula age | angaturi sang prabu | botên susah pinukul jurit | lajêng angadhatona | nagari Madiun | makatên tan angarsakna | ingkang abdi sumôngga ing pati urip | datan kenging suminggah ||

40. môngsa inggih gawêra wak mami | lamun Sang Nata ing Kabanaran | ngarsakna gêmpur tumpure | nagari ing Madiun | sampun botên [bo...]

--- 44 ---

[...tên] umatur malih | amung tur pêjah gêsang | kang abdi Madiun | duta nata mantri mudha | sigra pamit kalih wus nitih turanggi | lan turôngga sadasa ||

41. sêsandêran tan kawarnèng margi | praptèng Carême catur kang duta | salampah-lampahe kabèh | purwa wêkasanipun | botên purun ngangsuli tulis | amung atur kewala | ing caraka katur | sri bupati duk miyarsa | langkung kagyat animbali pra dipati | kanêm praptèng ngayunan ||

42. angandika alon sri bupati | marang Adipati Jayaningrat | lawan Mas Rôngga dhawuhe | besan kaya pa iku | wong Madiun nora ngangsuli | kapriye iku Rôngga | miwah pra tumênggung | Mas Rôngga matur tur sêmbah | kintênipun paduka nganyar-anyari | mawi ngantêp ing sêrat ||

43. pan wus lami dènnya canthèl batin | Islam ngindalah kapir ngindanas | makatên ing upamane | mila punika purun | ngolok-olok ing padukaji | gumujêng sri narendra | saha ngandikarum | iya apa mêngkonoa | yèn mêngkono payo budhal marêpêki | sanadyan ngantènana ||

44. aja adoh Madiun nagari | sun makuwon ing Kincangkinandhang | sigra ngundhangi balane | enjing budhal gumuruh | Jagaraga prapta salatri | enjinge nulya budhal | antara sadalu | prapta nèng Kincangkinandhang | masanggrahan wau sira sri bupati | wadyagung pamondhokan ||

45. arang-arang tarataban radin | lèpèn agêng wuri lan keringan |

--- 45 ---

jêmbar rata pasitène | angreka alun-alun | pinggir kali panggènan masjid | tampar duk salandhean | kinubêngkên sampun | amawi saka sakawan | pan samargi-margi kang pinôngka masjid | kêkêndhêng duk kewala ||

46. iya lamun makuwon wanadri | lamun makuwon amanggih wisma | yêkti wisma masigite | suka ingkang wadyagung | murah banyu amurah sari | tan ana kang karang la | pacangkraman agung | yèn ari Sêtu awatang | pan angiras gêladhi gêlaring jurit | prang dharat prang turôngga ||

78. Adipati Suradiningrat ing Pranaraga mêpak bala badhe mapagakên perangipun Pangeran Mangkunagara

47. kunêng sakala sri narapati | kang makuwon ing Kincangkinandhang | ingkang winursita manèh | ingkang mêdal ing kidul | Adipati Mangkunagari | wus anjog Kamagêtan | bupatine suwung | kinèndêlan tigang dina | sami nungkul para mantri kathah prapti | wuwusên Sang Dipatya ||

48. Suradiningrat ing Pranaragi | sakancane wong môncanagara | angalih pabarisane | ngalèr mring Kali Dêmung | dene mêngsahira ngidêri | Pangran Mangkunagara | Pamagêtan rawuh | prajurit môncanagara | ginunggunga wontên salêksa turanggi | lan kathah pra dipatya ||

49. pakuwone sawetaning Kali | Dêmung anggabag yèn tiningalan |

--- 46 ---

pakumpulan bupatine | rêmbagira amêthuk | angukuhi ingantêp jurit | ature têlikira | kêdhik mungsuhipun | Pangeran Mangkunagara | nora luwih sèwu nêmatus turanggi | arang prajurit dharat ||

50. wus rineka gêlare ngajurit | kang pinatah anèng kiwanira | Ngrawa Surakusumane | Surajaya puniku | ing Kalangbrèt kanthinirèki | Ngabèi Wiramêja | lan Sarêngatipun | Ngabèi Surawijaya | Ki Ngabèi Sêtrapati ing Kadhiri | dadya pangawat kanan ||

51. Wirasaba ing Japan kinanthi | Sumayuda Japan Têpasana | miwah Patrasuta Pace | Ngêblêg Wiramêjèku | kang dhadhani sang adipati | akanthi ing Kaduwang | lawan para sunu | ing Pranaraga akathah | pitung dasa kang sami amawat kardi | kathah mantri santana ||

52. langkung kathah wong môncanagari | sami amêmpêng kuwanènira | lan amuwah panganggone | akathah adol sanggup | wau ingkang winuwus malih | Pangeran Adipatya | Mangkunagarèku | kang abaris Pamalêtan | duk miyarsa baris ing môncanagari | ngalèr pamêthukira ||

53. lèpèn Dêmung badhene nadhahi | ngantêp yuda wong môncanagara | Pangran Mangkunagarane | miyarsa sigra wau | angundhangi bala prajurit | budhal saking Magêtan | pan arsa umagut | prange wong môncanagara | baris prapta mapag sakilèning kali | kèndêl ngantosi wuntat ||

112. Pangkur

1. pangeran anata gêlar | kang

--- 47 ---

kinarya nênggih pangawat kering | kang rayi sawadyanipun | Pangran Mangkudiningrat | pangawat kang têngên wau kang tinuduh | Tumênggung Kudanawarsa | lawan sagung mantri jawi ||

2. Pangeran Mangkunagara | andhadhani lan sawadya jro sami | saragni abang nèng ngayun | panumbake prangtandang | saragni rêng maranggomanganggo. panumbakipun | lan saragni polèng miwah | panumbakipun wong Bugis ||

3. mantri jro lan kawan dasa | munggèng ngarsa pinangku datan têbih | wus samya dulu-dinulu | baris wetan anggabag | yèn sinawang sayêkti tikêl sapuluh | akèh wong môncanagara | balane pangeran kêdhik ||

4. wontên mantri jro satunggal | nging Walônda Ônggaima namèki | têka anandêr sumêmprung | nora nganggo parentah | wong saragni kêkalih polèng anusul | lan panumbak pêrangtandang | inggih anusul kêkalih ||

5. dadya turôngga lêlima | kadêngangan Ônggaima rumiyin | kapriye Ônggaimèku | maring di si kaparat | apa magut padha nêngna dhingin iku | Ki Ngabèi Ônggaima | panandêre nêrak baris ||

6. samya dinulu kewala | ting gudandap wadya môncanagari | ting karoyag barisipun | pangeran angandika | tulungana Si Ônggaima angamuk | sigra tambur bèri giyak | prajurit anabrang kali ||

7. sarênge Ki Ônggaima | wong saragni polèng sami ambêdhil | Ki Ônggaima angamuk |

--- 48 ---

dhadhal kang baris dhadha | kanan kering pangawate kawur-kawur | Tumênggung Kudanawarsa | sawadya nunjang ing keri ||

8. Pangeran Mangkudiningrat | sami mangsah mantrine nunjang wani | kalulun kang baris agung | ora ana kang aprang | kadi guntur swarane bala lumayu | malêdug kadya prahara | tan ana kang tahan jurit ||

9. pangeran gumujêng suka | ana paran mangkene mungsuh iki | ya Si Ônggaima iku | apa katon salêksa | wong lêlima anunjang ewon malêdug | kang anusul ora uman | ing mungsuh wus padha gusis ||

10. samya bêbujung kewala | kawuwusa wau Sang Adipati | Suradiningrat lumayu | tinunjang ing akathah | turanggane anglumba kang nunggang runtuh | tibèng siti napas kumat | kasalêpêk kêmpis-kêmpis ||

11. sangsaya kèlês ing kathah | anakira lanang tuwa pribadi | Martamanggala ranipun | kèndêl ngadhêpi rama | apan dahat kawruhan lamun puniku | Dipati Suradiningrat | dipun nyana yèn wong cilik ||

12. sêtun mantri ya kewala | dene nora ana kang ngadhêp malih | liniwatan wong lumayu | miwah wong ngungsir samya | ingkang ngalor angetan miwah angidul | wong satus môncanagara | wong sapuluh kang balêdig ||

13. kuda sèwu wong bang wetan | mung wong sèkêt kang bujung angênginthil | parandene mawur-mawur | kuda pating balêsar | wonge ewon alêksan kawur katawur | malêdug saparan-paran | wau ta Sang

--- 49 ---

Adipati ||

14. Suradiningrat palastra | awit pêdhot napas tibèng turanggi | Kudanawarsa Tumênggung | panandêre kaliwat | ana tiba kalumah datanpa tatu | ingandhêgan tinakonan | sapa iki kang ngêmasi ||

15. sumaur kang tinakonan | gih pun bapa punika Adipati | ing Pranaraga pukulun | kula anake tuwa | sigra wuri balanira ki tumênggung | karsa angrampog kewala | Kudanawarsa ngukuhi ||

16. lah aja mêngkono padha | iki jago tan kêna dèn patèni | iki bapakane lampus | anake maksih gêsang | ing patine kalawan karsaning ratu | sira matèni tan kêna | sayêkti katura urip ||

17. Tumênggung Kudanawarsa | gya putusan thole sira dèn aglis | Jayasimpangan dèn gupuh | sira atur uninga | marang ing jêng pangeran yèn ika lampus | Dipati Suradiningrat | mati tiba tanpa kanin ||

18. awit napas kasalêpak | kang nunggoni anake lanang siji | Martamênggala kang sêpuh | mangke maksih tinêngga | inggih dhatêng ing pun kaki sawongipun | Tumênggung Kudanawarsa | Jayasimpangan nulyaglis ||

19. anyamêthi kudanira | nandêr mamprung tan adangu gya prapti | ing gène pangeran tundhuk | matur Jayasimpangan | lamun Adipati Pranagara lampus | botên kaprawasa ing prang | pêjahipun tanpa kanin ||

20. sigra wau duk miyarsa | Pangran Mangkunagara anyamêthi | turôngga sawadyanipun | mantri

--- 50 ---

jêro kalawan | mantri patang puluh panandêre rawuh | gène pêjah ki dipatya | pangeran angandikaris ||

21. hèh kaki Kudanawarsa | nora tatu Suradiningrat iki | êndi anake kang tunggu | ing bapa duk palastra | Ki Tumênggung Kudanawarsa umatur | inggih kang sêpuh punika | Martamanggala namèki ||

22. kuda sinaoskên ngarsa | pan pun kaki punika dèn titihi | wau kalane umagut | kore ran pun Pêsaja | wus pinundhut pangeran ngandika arum | lah iya Kudanawarsa | Si Martamanggala iki ||

23. gawanên dhingin mring kutha | dimèn aja rungok wong Pranaragi | yèn anak tuwa wus nungkul | lan uwis tinarima | dimèn têtêp wong cilik aja na kuwur | lawan Si Martamanggala | konên angumpulkên aglis ||

24. iya saduwèke padha | bapakane aja na ingkang kari | lawan sawong dalêmipun | sêlir miwah badhaya | gya Tumênggung Kudanawarsa wotsantun | anggawa Martamanggala | lajêng mring kitha rumiyin ||

25. ing wuri sigra pangeran | kinon mocok Utamôngga Dipati | wus kapocok murdanipun | klawan kang kalanangan | kinon nigas dene iku pêli ngamuk | nora anganggo ukara | jalêran tinigas aglis ||

26. wus dangu ing pêjahira | kang jalêran wus keris mêdal gêtih | kang angiris sami ngungun | kang kaprah wong wus pêjah | dèn kapakna nora mêtu gêtihipun | katur pangeran ngandika |

--- 51 ---

mati nguntal upas iki ||

27. lah cangkême wêngakêna | lêbokêna kalanangan sapalih | nuli ingkêmêna iku | angêmut kang lanangan | wadhahana kukusan gawanên gupuh | barisan Kincangkinandhang | aturna ing rama aji ||

28. Mantri Magêtan milua | têkakêna iya ing dina ngenjing | pan iki wus pukul têlu | bêngia alêlakua | lah cangkingên luhur kuda sirahipun | wong akèh padha gantia | amrih kêbating lumaris ||

29. carakatur sêmbah mêsat | dalu-dalu datan kèndêl lumaris | datan kawuwus ing ênu | prapta sakidul Kincang | sarêng êbyar kèndêl jawi barisipun | angantos wiyosing nata | pan luwaring branta kingkin ||

113. Asmaradana

1. enjing sang sri narapati | miyos tarub pasanggrahan | siniwi wadyanirandhèr | punggawa mantri prameya | aglar ing ngarsanira | wontên kang atêngga pintu | anjawil dhatêng Mas Rôngga ||

2. lamun caraka kang prapti | saking nagri Pranaraga | Pangran Mangkunagarane | Mas Rôngga mêdal sakala | lêbête ngirid duta | kalawan mustakanipun | Adipati Pranaraga ||

3. Mas Rôngga matur wotsari | putra paduka utusan | pan sampun unggul jurite | bêdhah nagri Pranaraga | bupatine katigas | punika mustakanipun | katur ing jêng padukendra ||

4. nulya mèsêm ngandikaris | sang nata têdhak nêm tindak | mara ungkabana age | pan ingsun arsa uninga | mring Si Suradiningrat | apa [a...]

--- 52 ---

[...pa] warnane kang lampus | sigra majêng pra dipatya ||

5. Tumênggung Janapurèki | Mas Rôngga lan Sindusastra | Jayèngrana sakawane | ingkang ngungkabi mastaka | jumênêng sri narendra | duk binukak sirahipun | lathi ngêmut kang lanangan ||

6. anjumbul kapat bupati | gumujêng latah sang nata | prasamya guguk gujênge | ya ta yèn bocah ngalunyat | iya Si Adipatya | Mangkunagara satuhu | sadaya kang sami seba ||

7. samya sinungan udani | gumujêng ambata rêbah | ambal-ambalan gujênge | sirah Dipati Panraga | angêmut kalanangan | carakanira dinangu | tingkah solahing ayuda ||

8. katur miwiti mêkasi | sang nata suka miyarsa | hèh duta nulaka age | matura ing gustinira | besuk tan wurung ingwang | ya mring Pranaraga iku | carakatur sêmbah mêsat ||

79. Sunan Kabanaran badhe rawuh dhateng Pranaraga

9. sang nata sigra ngundhangi | ing bala badhe budhalan | ing dalu tan kapiraos | enjinge têngara budhal | saking Kincangkinandhang | manjing nagari Madiun | wus suwung bupatinira ||

10. nanging sampun balang tulis | wong Madiun mring Mas Rôngga | mila tinilar prajane | wau lampahe sang nata | tan adangu praptanya | manjing nagari Madiun | sri narendra saha bala ||

--- 53 ---

11. masanggrahan wontên kali | tan arsa angênggènana | ing wismane bupatine | wismane mantri kewala | prapta pukul sawêlas | pukul lima praptanipun | bupatine gènya seba ||

12. sang nata siniwèng dasih | punggawa mantrinira glar | prajurit sumiwi kabèh | Mas Rôngga Wirasêtika | Dipati Jayaningrat | ngirid bupati kang nungkul | ing Madiun kalih pisan ||

13. prapta ing ngarsa narpati | sang nata gupuh ngandika | si kakang salamêt bae | iya Kang Mangkunagara | Si Adhi Martalaya | ngabêktia marang ingsun | mangsah gantya kalih pisan ||

14. sang nata ngandika aris | marang wau ingkang putra | Pangeran Dipati Anom | kulup mara ngabêktia | karo maring wakira | pangran adipati gupuh | bêkti nguwa kalih pisan ||

15. sang nata ngandika malih | ipeningsun ingkang pêjah | siji ika bagus dhewe | jênat Si Adhi Sudarma | ladak kaya layapan | Si Adhi Sewaka iku | asombro angula sawa ||

16. Kakang Mangkunagarèki | duk anome kaya Boma | wis tuwa kaya mangkono | dadak kaya Ôngganaya | gumêr para dipatya | kang pinoyok milu guguk | Madiun Mangkunagara ||

17. nata nata ngandika malih | kakang dika ngalih nama | sampun jumbuh lan namane | lan si kulup putra dika | ingkang tuwa ngalaha | hèh kakang dika jêjuluk | Pangeran Mangkudipura ||

18. hèh sakèhe

--- 54 ---

pra dipati | kabèh padha ngèstrènana | sami sandika ature | sang nata malih ngandika | kakang andika dandan | lan Adhi Martalayèku | sun gawa mring Pranaraga ||

19. ingsun budhal benjing enjing | kakang maring Pranaraga | sun arsa wêruh untabe | wadya Madiun sadaya | prajurit kang turôngga | jêngkar pakuwon sang prabu | wadya sami pamondhokan ||

20. ing dalu datan kawarni | enjing sang nata têngara | gong bèri tambur myang bêndhe | gumuruh swaraning bala | miranti sowang-sowang | ngrasuk busana sang prabu | têdhak mijil ngara-ara ||

21. apan akarsa udani | wau Sri Nata Banaran | wadya ing Madiun kabèh | sampun sami akêkirab | aglar ing ara-ara | ngundhangi wadya sang prabu | sagunging kawulaningwang ||

22. mirea anganan ngering | miwah ing wuri kewala | wong Madiun ngarsa kabèh | cinacah ingkang turôngga | pan kalih èwu dhomas | dharat wontên kawan èwu | angêbêki ara-ara ||

23. dharat kinèn mangsah sami | kinèn nèng wuri sadaya | turôngga anglela neje | kuda kalih èwu dhomas | kinèn mubêng ping tiga | ing ngarsanira sang prabu | abayak agêgolongan ||

24. angandika sri bupati | Rôngga dene ku wus tata | ing prang tan ana bobote | Mas Rôngga matur tur sêmbah | pan dèrèng kalêrêsan | kang angabên ing prangipun | ing rakit sampun prayoga ||

25. tiyang ing Pajang Matawis | nênggih kumpuling gêgaman |

--- 55 ---

ngantos samantên kathahe | lawan rakitipun tata | wagêde nitih kuda | kadia tiyang Madiun | têtiyang Pajang Mataram ||

26. gih môngsa angsala tandhing | angandika sri narendra | wong Pajang Mataram kiye | duk sinau nitih kuda | banjur ginawa aprang | paparentah sang aprabu | wong Madiun rumiyina ||

27. wadyaningsun kang nambungi | wadya ing jêro kewala | pra dipati wuri kabèh | kalawan bala Caruban | iku rongèwu dhomas | Madiun lumakèng ngayun | kang sumambung wurinira ||

28. wadya jro kaparak sami | kang turôngga sèwu dhomas | marwatagni busanane | punggawanira sang nata | lumampah kering kanan | kinarya rêmbêning laku | cangkrama saurut marga ||

29. amasanggrahan sawêngi | enjinge têngara budhal | pukul sawêlas praptane | ing nagari Pranaraga | Pangran Mangkunagara | amêthuk baris sêsiyung | alun-alun Pranaraga ||

30. kurmat drèl sagung prajurit | kang rama wus ingaturan | inggih lajêng angadhaton | wismane Suradiningrat | kang dadya pamondhokan | Pangran Mangkunagarèku | sawadya amingsêr ngetan ||

31. anèng kitha Kartasari | duk samana Pranaraga | kèbêkan ing wadya katong | mangkana enjing sineba | Sang Natèng Kabanaran | kang wadya aglar supênuh | punggawa santana putra ||

32. Pangran Mangkunagarèki | angirid kang pra dipatya | wadya kang anungkul kabèh | pranakaning Pranaraga |

--- 56 ---

sinaoskên kang rama | kang wus prapta sadayèku | anaking Suradiningrat ||

33. tiga likur kang wus prapti | akathah kang dèrèng prapta | pinupus sampun bêgjane | mung sawontêning binêkta | katur ing rama nata | wus katur kang têlu likur | dinangu namane samya ||

34. kang sêpuh namanirèki | Rahadèn Martamanggala | Suradipraja arane | Rahadèn Cakranagara | Radèn Purbakusuma | Radèn Purwakusumèku | Rahadèn Bratakusuma ||

35. Rahadèn Suralayèki | lan Radèn Natadiwirya | Radèn Suradiwiryane | miwah Radèn Suradirja | Radèn Suradipura | Radèn Surawijayèku | miwah Radèn Bratadirja ||

36. nging wau sri narapati | kang pinilih mung sakawan | anak lanang tuwa dhewe | Rahadèn Suramanggala | lan ari kang wus nama | sinungan Surabratèku | wus dadi anèng Gaduwang ||

37. namane Surabratèki | pinaringkên kakangira | Martamanggala ing mangke | pinacak bupati tuwa | pinacak sinung lênggah | Pranaraga tigang èwu | kalawan jêjulukira ||

38. radèn tumênggung namèki | Surabrata arinira | Suradipraja namane | sinung kalih èwu lênggah | lan pinacak punggawa | anama radèn tumênggung | anênggih Suradipraja ||

39. wontên arinipun malih | kamantu marang kang paman | Radèn Natakusumane | ran Radèn Cakranagara | wus pinacak punggawa | sinungan nama tumênggung | Dyan Tumênggung Natabrata ||

40. kalih èwu lênggah sami | kang kalih èwu kalihnya |

--- 57 ---

nênggih kang ginanjarake | mring Pangeran Pakuningrat | dene Radèn Kaduwang | têtêp kabupatènipun | namung ingalih namanya ||

41. Kaduwang namanirèki | Tumênggung Bratawijaya | wontên dene sakantune | kang sangang èwu kewala | pinacakan punggawa | kang têtiga ngalih èwu | kang tigang èwu satunggal ||

42. anak kang tuwa pribadi | sinung nama Surabrata | kang tigang èwu lênggahe | ingkang kantun kawan nambang | inggih kinon marucah | pan antuk putra rongpuluh | wong sijine karo bêlah ||

43. prasamya kinarya mantri | dene ta pakaryanira | tinunggil lawan kadange | wong rongpuluh pinartiga | kang kalih ngênêm samya | ingkang satunggil mawolu | ginadhuhan mantri kadang ||

44. Tumênggung Surabratèki | ingkang wolu mantri kadang | prasamya agêng lungguhe | pranakan ing Pranaraga | yèn miyos watang samya | wong Pranaraga rongpuluh | kang kinèn wiwit nyandêra ||

45. tan kêna dipun sêlani | sang nata suka umiyat | pranakan Pranaragane | abagus-bagus warata | sami sagêd ing kuda | langkung sukanira dulu | ing tanaya Pranaraga ||

46. badhene samya kinanthi | ing karsanira sang nata | manawa mêtu gawene | dene wangune naracak | bagus-bagus agagah | sang nata langkung piayun | mulat Pranaraga putra ||

--- 58 ---

80. Pêpêrangan ing Kêdhu, Radèn Mangkuwijaya tuwin Radèn Tumênggung Jayadirja sami nêmahi tiwas mêngsah kalihan Kumpêni

47. gantya kawuwusa malih | Dêlèr Nagari Samarang | miyarsa lamun lakune | Jêng Sinuhun Kabanaran | èstu budhal mangetan | apan arsa atêtulung | yudane wong Surabaya ||

48. gugup abantu ing jurit | ing Kêdhu kinèn angrupak | mupung sêpên narpatine | Sakèbêr pan dêr Pul mulat | kathah bêbantunira | pasisir para tumênggung | kilèn Samarang kewala ||

49. Mayor Pèbêr senapati | pan anglarug barisira | anjujug Trayêm barise | mêngsahe kang liniwatan | Sakèbêr ciptanira | tan tolih mungsuh nèng pungkur | mung nyandhaka wong Mataram ||

50. Ki Tumênggung Rajaniti | Tumênggung Surajênggala | mung enggala parêk bae | Pangeran Adiwijaya | gubêd sa-Kilènpraga | punggawa kang wontên Kêdhu | sadaya sami kawuntat ||

114. Pangkur

1. Dipati Suryanagara | Wiradigda Môndaraka anunggil | Pangran Natakusumèku | baris nèng Têpasaran | Ki Tumênggung Jayadirja barisipun | nèng Mênggora kanthinira | putra Mangkuprajan kalih ||

2. Rahadèn Mangkuwijaya | miwah Mangkudiwirya kang anunggil | Jagalatan Singaranu |

--- 59 ---

kang sami nèng Mênggora | Radèn Suryanagara sakancanipun | sami anglarag mangetan | mukul Kumpêni prang Pingit ||

3. pan dar Pol kalawan Kulman | Jayadirja pinukul barisnèki | arame dènira campuh | Radèn Mangkuwijaya | kênèng mimis pilingane lajêng lampus | matur kang munggèng pangawat | Ki Tumêggung Jadirja glis ||

4. wontên kang atur uninga | Radèn Mangkuwijaya angêmasi | Ki Tumênggung mangsah ngamuk | ngrêbat kunarpanira | nênggih Radèn Mangkuwijaya kang lampus | manawi sêlak tinigas | murdane marang Kumpêni ||

5. Ki Tumênggung Jayadirja | pangamuke kotbuta ngowak-awik | wus pinarêng takdiripun | duk ingêdrèl sapisan | Ki Tumênggung wêntisira ingkang tatu | cape tiba saking kuda | kang pra santana ngalingi ||

6. binayang ngunggahkên kuda | ki tumênggung tan arsa nèng turanggi | sugal rêkasa amuwus | hèh sanak-sanakingwang | ingsun iki ya aja ginawa mundur | balik ingsun uworêna | lan pulunane sang aji ||

7. Rahadèn Mangkuwijaya | dudu uwong ingsun tinggala urip | ing mêngko yèn ingsun lampus | iya sakarêpira | kunarpane Radèn Mangkuwijayèku | yèn tan karêbut ing sira | pan iya kunarpa mami ||

8. aja kudu sira gawa | duk puniku Kumpêni anututi | angêdrèli angarubut | Tumênggung Jayadirja | bisa ngadêg sakêdhap saking gêng nêpsu | pan sarwi anyandhak watang | lajêng karungkêb [karung...]

--- 60 ---

[...kêb] ngêmasi ||

9. santanane kalih dasa | samya ngamuk lawan kancane mantri | panumping wontên sapuluh | wuru pangamukira | mungsuh giwar Kumpêni wontên sapuluh | lan Bugis Bali pitulas | uwal sakala kang jurit ||

10. Rahadèn Mangkuwijaya | kunarpane winot anèng turanggi | Tumênggung Jayadirjèku | kunarpa dinandanan | nulya prapta Ki Tumênggung Singaranu | kalawan Jagaulatan | magut mungsuh kang balèni ||

11. dadya kang dandan kunarpa | angsal bamban nora angiras jurit | landhean tumbak sapuluh | karya mikul kunarpa | tinalenan cindhe kewala têtêlu | wus têbih ing lampahira | wus sapih ingkang ajurit ||

12. pan dar Pol kalawan Kulman | dalu-dalu sinêrot lampahnèki | praptanira têngah dalu | baris Tarayêm nulya | panggih lawan Mayor Sakèbêr puniku | yèn untung gènira aprang | antuk punggawa kêkalih ||

13. siji punggawa satriya | Radèn Mangkuwijaya kang ngêmasi | apan pêpulunanipun | mring Natèng Kabanaran | kang satunggil andêl bupati gêgêdhug | Ki Tumênggung Jayadirja | prajurit ing Sukawati ||

14. Sakèbêr sigra nênurat | dalu-dalu utusan mring Samawis | kalamun ngantia esuk | sayêkti mungsuh kathah | Adipati Suryanagara puniku | angamuk kancane pêjah | sira tan olèh lumaris ||

15. enjing Singaranu lawan | Jagalatan sami atur upaksi | maring senapatinipun | kang baris Têpasaran |

--- 61 ---

Adipati Suryanagara angrungu | tiwas Tumênggung Jadirja | Radèn Mangkuwijayèki ||

16. langkung ngungun krodhanira | sigra nitir têngara sri bupati | Suryanagara umagut | gitik baris Mênggora | sigra budhal wontên dasih kang umatur | Kumpêni samênangira | sami lorod tinggal baris ||

17. angumpul Tarayêm samya | kadi taha ing sampeyan puniki | manawi enjinge ngamuk | wau sang adipatya | duk miyarsa menggok ngetan barisipun | baris Kumpêni kang ana | ing Pingit arsa ginitik ||

18. lan Tumênggung Mangkuyuda | duk miyarsa ingkang baris ing Pingit | Kumpêni mungsuhnya rawuh | Radèn Suryanagara | sigra nambur wus rakit sigra acampuh | Dipati Suryanagara | angamuk sawadyanèki ||

19. kuwur Kumpêni anggiwar | kapalajêng wangsul Bahwara malih | Radèn Suryanagarèku | ngêbroki barisira | anèng Pingit pan arsa magut mangidul | Tarayêm arsa ginêcak | kancane kang pra dipati ||

20. sami gendholi sadaya | luwung inggih kèndêla ki dipati | awrat Sakèbêr puniku | lan malihe sampeyan | dèrèng atur uninga marang sang prabu | kang wontên ing Pranaraga | kalih pêjahing ajurit ||

21. pêjahe raka paduka | sami-sami bupati gêng pribadi | inggih sintên timbangipun | Rôngga Wirasêtika | Jayadirja katri paduka pukulun | sami andêling ayuda | gêgêdhuging pra dipati ||

22. Dipati Suryanagara |

--- 62 ---

pirêmbagan mring sagung pra dipati | yèn makatên dawêg mundur | wangsul mring Têpasaran | pan ing ngriki adhakan margining mungsuh | bêbanton saking Samarang | wus rêmbug budhal kang baris ||

23. wangsul sa-Kilènpêraga | Têpasaran pabarisane lami | apikir ingkang ingutus | dhatêng mring Pranaraga | sarat ingkang mila prang bilih dinangu | kancane mantri têtiga | panumping ingkang tinuding ||

24. srat dadya sigra lumampah | kunêng wau gantya ingkang winarni | Sakèbêr carakanipun | wus prapta ing Samarang | sêrat katur marang Yan Baron Hondhorup | prange pan dar Pol lan Kulman | antuk punggawa kêkalih ||

25. satunggil Mangkuwijaya | lan Tumênggung Jayadirja ngêmasi | dêlèr suka manahipun | sukane ingkang manah | Jayadirja Bupati andêl gêgêdhug | marase bok winangsulan | dene andêle ngêmasi ||

26. dadya dêlèr karya gêlar | angundhangi bala kang pra dipati | pasisir samya akumpul | budhal arsa magut prang | ingkang marang Pranaraga kang jinujug | karya loking kalairan | batin aja dèn balèni ||

27. ing patine Jayadirja | dene andêl bupati tur kêkasih | mila rewa-rewa jujul | kèndêl anèng Barangkal | karya surat lawan angrukti kêkintun | lawan arsa ngaturêna | bupati kabandhang nguni ||

28. Tumênggung Jayawinata | duk prang Lengkong iku kacandhak urip | mring Sakèbêr ingkang antuk | wus lami nèng Samarang |

--- 63 ---

kang dinuta nênggih Pangran Adilangu | akathah kêkintunira | sangkêlat baludru karbin ||

29. lan kursi kang sakêmbaran | wus winêkas wau Pangeran Wijil | kinanthèn pêpatihipun | Adipati Samarang | Dêmang Jagayuda kang ajaga jagul | idêlèr wêwêlingira | kathah mring Pangeran Wijil ||

30. wus mangkat saking Barangkal | ngidul ngetan ing Warung kang dèn jogi | wontên kuda têlung puluh | dharate pitung dasa | tan kawarna ing marga praptèng Madiun | suwêng lajêng lampahira | mring nagari Pranaragi ||

31. anjujug Pangeran Rôngga | Ngadilangu mondhok salèring masjid | kang rayi lajêng rinangkul | angling Pangeran Rôngga | dika adhi marang dêlèr dipun utus | mangke lamun mari sayah | kula adhi tuduh margi ||

32. kula gawani kengkenan | dika jujug Jayapuspita Adhi | lurah mantri jro puniku | lajêng katur ing lampah | pasthi enjing pun adhi ing lêbêtipun | Pangeran Mangkunagara | kang angirid ngusap wèni ||

115. Sinom

1. sampun sira mari sayah | sinugata wusnya bukti | dhatêng Kamangkunagaran | caraka Dêlèr Samawis | sapraptanira panggih | Pangran Wijil Ngadilangu | pangeran angandika | inggih paman benjing enjing | kula bêkta sowan ing raka paduka ||

2. sampun tanggêl ing punika | paman anjujuga enjing | inggih pasowan kewala | wus pamit makuwon malih | pangeran tur upaksi | duta idlèr praptanipun | kang rayi kang dinuta | Ngadilangu Pangran [Pangra...]

--- 64 ---

[...n] Wijil | ingundhangan wadyagung enjing pêpêkan ||

3. manggihi caraka prapta | kang saking Gupnur Samawis | ing dalu tan winursita | enjinge aglar tinangkil | sagung mantri bupati | sarwi ngandikan lumêbu | sang nata têdhak marang | pandhapa manggihi tami | kerid marang Pangeran Mangkunagara ||

4. praptanira ing ngajêngan | asru ngandika narpati | adhi ing ngriki kewala | dawêg sêsalaman adhi | dika minggah ing nginggil | Pangran Wijil nêmbah maju | sawusnya sêsalaman | cinandhak astanirèki | sampun mundur adhi ing ngriki kewala ||

5. binêkta lênggah satata | ya ta wau Pangran Wijil | sigra ngaturakên surat | kang saking Dêlèr Samawis | tinampan tinupèksi | bêbuka tur tabenipun | ingkang akathah-kathah | katura paduka aji | wiyosipun pun dêlèr nuwun ngapura ||

6. sakathahe kalêpatan | pratingkah kang wus kawingking | mantuka inggih duk kadya | tuwan paduka rumiyin | kala amba badheni | ing tuwan amrih pakantuk | dhatêng raka paduka | swargi jêng sri narapati | tuwin dhatêng komisaris sami uga ||

7. sampun lami kalampahan | sudara dipun paringi | tigang èwu Sukawatya | nuntên wontên kang nyêlani | praptane jendral nguni | pun Wilêm Baron pan Emub | kêni ing wêwadulan | kula tinambuh prakawis | tuwan darmi têgêse tibèng kawula ||

8. nging wontên atur kawula | sudara kirang ngyaktèni | tan angantos tur kawula | mangke Jendral sampun [sa...]

--- 65 ---

[...mpun] mati | Jakup Musêl kang dadi | têlase sataunipun | tampine kang pangwasa | ing mangke kula aturi | antukêna kapênêdan kina-kina ||

9. suwawi apêpikiran | mrih mulyaning bumi-bumi | yèn tuwan maksih ngarsakna | ing karsa kula puniki | risaking tanah Jawi | sayêkti kabanjur-banjur | sintên ingkang kecalan | liya paduka lan malih | Putra Tuwan Sang Prabu ing Surakarta ||

10. Kumpêni darmi kewala | panêdha kawula mangkin | sudara mugi èngêta | katêmpahing tanah Jawi | mangkya sêpuh pribadi | lawan kaping kalihipun | punang punggawa Tuwan | Tumênggung Jawinatèki | duk prang Lengkong inggih kang kacandhak gêsang ||

11. pun Sakèbêr ingkang angsal | ingaturkên mring Samawis | Tumênggung Jayawinata | pan inggih kula pênêdi | botên manggih pisakit | manggih kabaikan agung | ing mangke pan katura | dhatêng ing paduka malih | abdi dalêm Tumênggung Jayawinata ||

12. lawan sagunging pratôndha | sih-sinihan sami-sami | tan supe salaminira | wus cinacah kang pakirim | kathah awarni-warni | tinampan sadayanipun | Jawinata ngandikan | sapraptanira ngabêkti | ngaras pada ginagujêng warnanira ||

13. dene sampun ngalih warna | kadi paranakan Bugis | mundur ngujungi Pangeran | Dipati Mangkunagari | nulya mring bapanèki | bapakira sênggruk-sênggruk | Dipati Jayaningrat | ngandika sri narapati | Jawinata kêrasan anèng Samarang ||

14. sang nata [na...]

--- 66 ---

[...ta] alon ngandika | marang ing Pangeran Wijil | adhi kang muni ing layang | idêlèr arsa pêpanggih | lawan kangên ing mami | sun undanga mring Madiun | iya nurut kewala | sanadyan mring Pranaragi | sakarsèngong adhi anurut kewala ||

15. nanging adhi kayaparan | iya awak ingsun iki | lagyewuh ana ngamônca | durung kolur ing tyas mami | ya pirabara benjing | yèn misih padha rahayu | sayêkti wèh wangsulan | nanging dika wruha adhi | salawase si dêlèr iki rumôngsa ||

16. yèn ingsun nêdya alawas | nèng tanah môncanagari | sayêktine ingsun undang | ingsun nêdya nora lami | yèn wus sampurnèng jurit | mulih mring Mataram ingsun | Tumênggung Sindusastra | wus kinèn akarya tulis | angsul-angsul kang saking Dêlèr Samarang ||

17. Pangran Wijil tigang dina | kalawan ing tigang ratri | kalangkung sinungga-sungga | nèng nagari Pranaragi | sêrate dèn angsuli | paring sapi têlung puluh | pêdhète kang sadasa | lan susuh salawe kati | patang pikul kang warni dhèndhèng manjangan ||

18. lawan turôngga satunggal | wêton Magêtan gêng inggil | ulês dhawuk megatara | wus pamit Pangeran Wijil | kang srat wus dèn tampèni | angsul-angsul lan pakintun | enjing mangkat Pangeran | Ngadilangu Pangran Wijil | tanggal pisan Bêsar saking Pranaraga ||

--- 67 ---

81. Para Adipati ing bang wetan sami sowan Sunan Kabanaran wonten ing Pranaragi

19. saungkurirèng caraka | prapta ingkang pra dipati | bang wetan sumiwèng nata | Kalangbrèt Kartasanèki | Nganjuk Pace Ngrawèki | Sarêngat Balitaripun | ing Japan Wirasaba | miwah Dipati Kadhiri | samya jujug Pangeran Mangkunagara ||

20. sinebakakên sadaya | sagung ingkang pra dipati | sadaya wus tinarima | dinangu kapalanèki | ginunggung sadayèki | pan salêksa kalih èwu | lan satus pitung dasa | ingkang dhinapur prajurit | pan kajawi kuda kang dadi wowotan ||

21. nata nimbali bunira | kang anèng ing Sukawati | praptane antuk rong dina | nuntên garêbêgan nênggih | Bêsar langkung gêngnèki | barising garêbêgipun | sang nata adhadharan | miyos ing paseban jawi | animbali santana bupati putra ||

22. bakdane garêbêg Bêsar | sang nata anarimani | sakawan kang pra dipatya | Pangeran Madiun nênggih | pinaringan kang bibi | Ratu Mamênang puniku | malih kang pinaringan | Sêtrapati ing Kadhiri | Rêtnawati kang kinarya pêparingan ||

23. kalawan ingalih nama | Sêtra ing Kadhiri iki | Ki Tumênggung Katawêngan | ing Rawa Kartayudèki | pinaring Selawati | ing Sarêngat Bok Kapundhung | sampun sami aningkah |

--- 68 ---

Ratu Mamênang wus panggih | lan Pangeran Madiun Mangkunagara ||

24. duk samana langkung arja | nagari ing Pranaragi | kanggenan Natèng Banaran | siniwi ing pra dipati | sagung môncanagari | mangkana ingkang winuwus | Pangran Mangkunagara | ngaturkên jarahannèki | satilare Dipati Suradiningrat ||

25. sawêg prapta ing utusan | saking pangilèning wukir | bêrana miwah boyongan | badhaya sarancak sami | kalih ambêbakali | ingkang wus dadi salaju | katur marang kang rama | pangeran ngêndhak kêkalih | èndhèl lawan pambatak ingkang dèn êndhak ||

26. pambatak ingkang dèn êndhak | anama Ismayawati | Marionêng èndhèlira | kang rama pan ragi runtik | iya tatane ngêndi | wong kinongkon têka rusuh | dèn jak angrata jagat | têtêkone nora bêcik | karangsangan kaya ambêg wong urakan ||

27. wong kinèn bêdhah nagara | apa saisine nênggih | sayêkti katur sadaya | lamun ana dèn sênêngi | enggal barang kinapti | môngsa kadadaka luput | mêngkono ingkang jamak | nora murang tata titi | nasak-nasak amurang nagara krama ||

28. wus pinundhut kalih pisan | èstu duka kang ramaji | pangeran langkung katêbah | kang rayi ingkang tinuding | aturna ing ramaji | tan kudu kanggonan ingsun | ngong tohi karingêt rah | ambêdhah ing Pranaragi | nora katon samene sariraningwang ||

--- 69 ---

29. nuli plêk tan purun seba | ing Sêtu lan Sênèn Kêmis | sang nata tan angandika | maksih miyos Sênèn Kêmis | dèrèng nyana sang aji | yèn kang putra rêntêngipun | tan ana tur uninga | yèn kang putra agung brangti | duk miyarsa saking pawèstrèn sang nata ||

30. ingkang putra tinimbalan | ratu bêndara wus prapti | ing ngarsanira kang rama | ngandika sri narapati | iya kangmasmu iki | têka nora seba mutung | lah iya sumakehan | prajurit prawirèng bumi | têtêkone kaya wus angrata jagad ||

31. kang putra matur tur sêmbah | putra tuwan sangêt kingkin | yèn dalu tan antuk nendra | yèn siyang tan antuk bukti | kang rama ngandikaris | wong ugungan kumalungkung | kaya wong nora kalah | karo sapadhaning janmi | dene agung kapalayu bakakrakan ||

32. yèn aja ana kang tuwa | môngsa gagapa basuki | mati pinênthung wong desa | wong mono yèn duwe pikir | kang kaprah lawan mami | kaya putra Nabi Dawud | iya gawanên rara | èndhèl iku kang sawiji | ingkang putra antuke kalangkung suka ||

33. praptane pakuwonira | èndhèle katur satunggil | wontên lêganing kang manah | Pangran Mangkunagarèki | pêndhak enjinge malih | anujoni dina Sêtu | mêtu ing pawatangan | sarwi ambêkta Walandi | Ônggaima mèlu watang gêgundhulan ||

34. nganggo badhong agêgêlang | wong nyênyandêr dèn tumbaki | gumuyu kang sami mulat | kang rama runtik ing

--- 70 ---

batin | dudu panggenanèki | pawatangan lala lucu | nanging sinamun ing tyas | winawas datan katawis | runtikipun awor wuruning asmara ||

116. Asmaradana

1. sabubare watang sami | bupati akèh ngandikan | santana putra sakèhe | sang nata lajêng bujana | angiras pagunêman | mring kang putra ngandikarum | hèh kulup Mangkunagara ||

2. aprakara laku iki | sira sun tuduh muliha | maring Pajang Matarame | nging mêtua Garobogan | si dêlèr nèng Barangkal | manawa banjur mangidul | kulup sira angadhangana ||Lebih satu suku kata: kulup sira angadhanga.

3. bupati môncanagari | saparo sira gawaa | têtêlu Pranaragane | Surabrata Natabrata | katri Suradipraja | Pranaraga milu ingsun | mung sing Adhi Pakuningrat ||

4. Madiun kang milu mami | Si Kakang Mangkudipura | Si Adhi Martalayane | iku kang milu ing sira | Kaduwang Kamagêtan | Jagaraga lan ing Warung | ing Sêsela ing Balora ||

5. jabakna nagari siji | Grobogan dadi wong Pajang | pamanmu Pugêr lungguhe | ing Warung lawan Sêsela | nagri loro ku iya | pamanmu Pugêr yèn jaluk | têka sira lilanana ||

6. dadi mung pitung bupati | têtêpe kang sira gawa | Pranaraga têlu dhewe | kapat Madiun kanoman | Magêtan Jagaraga | Balora kapitunipun | ing Kaduwang sèjèkêna ||

7. siji ku nunggala baris | kalawan pangarêpira | aja pisah sadinane | kang putra matur sandika | tan sagêd ngangsulana | kang rama [ra...]

--- 71 ---

[...ma] parentahipun | kalangkung saking prayoga ||

8. dinangu prajuritnèki | ingkang sami kêkapalan | liya prajurit dharate | pangeran alon turira | kalih èwu punika | bupati pitu puniku | lan pitung dasa sakawan ||

9. kawan èwu dharatnèki | sang nata malih ngandika | dene kang milu maring ngong | Si Caruban Kartasana | Pace Kalangbrèt Rawa | Sarêngat Balitaripun | Poro Ngantang lan ing Japan ||

10. Wirasaba lan Kadhiri | dene ta kulup Si Jipang | iku nora milu ring ngong | milu marang sira nora | wus sun karya ganjaran | kang dadi pawitanipun | pamanira Singasêkar ||

11. sêlang gumun ingsun iki | pamanira Prabu Jaka | duwe pawitan samono | wong wolung èwu Si Jipang | nora bisa anglembak | muthêk-muthêk ngalor ngidul | abêr têmên ing ayuda ||

12. Mas Rôngga nambung wotsari | pukulun rayi paduka | wingi prapta utusane | yèn sampun bêdhah ing Tuban | kalawan ing Lamongan | badhe anggêcak Sidayu | dêdamêle wus lumampah ||

13. Pangran Mangkunagarèki | nambungi lawan Mas Rôngga | Paman Rôngga satêmêne | iku katut dening sira | dudu ingkang kaskaya | dhewe Paman Singasantun | katut opyake wong kathah ||

14. padha ngrungu yèn kiyai | pinarak môncanagara | wong pasisir padha gègèr | lamun aja mangkonoa | môngsa bisaa mêlar | pira lawase ta iku | duk Kyai nèng Kabanaran ||

--- 72 ---

15. nora tuk sawah sakikil | muthêk-muthêk nora obah | nèng nagara Jipang bae | wus katon antêpe kurang | Paman Suryanagara | tobat akanthia iku | lamun prakara ing aprang ||

16. minyak-minyik mung anglirik | lamun dulu wêwadonan | gumêr punggawa gujênge | wus dadya ingkang pirêmbag | parentahe kang rama | anjoga ing Cêngkalsèwu | Ngrata Pathi Kudus Dêmak ||

17. wetane Nglasêm sirèki | aja milu-milu ngulah | ya karêpe bubuhane | pamanira Singasêkar | kang abot Surabaya | iku kang ngawaki ingsun | jajal wong môncanagara ||

82. Pangeran Mangkunagara kondur dhateng Mataram Sunan Kabanaran anglajengaken tindakipun badhe anggecak Surabaya

18. wus matêng ingkang prajanji | bubaran ingkang bujana | pêndhak enjing kang wiraos | Pangeran Mangkunagara | lan sagung pra dipatya | siyaga pamit sang prabu | ngujung kang para dipatya ||

19. budhal saking Pranaragi | parêng pitu likur Bêsar | kadya hèrnawa balane | wontên gangsal èwu kuda | dharat tanpa wilangan | anèng marga tigang dalu | rêrêb tanah Jagaraga ||

20. ing wuri budhal sang aji | tanggal pisan sasi Sura | sampun salin ing taun Je | liman sapta ngrasa tunggal |Sengkalan: liman sapta ngrasa tunggal (1 Sura 1678 A.J., 8 Nopember 1752 A.D.). pinetang

--- 73 ---

sangkalannya | sampun prapta ing Madiun | masanggrahan kawan dina ||

21. Pangran Mangkunagarèki | budhal saking Jagaraga | sadalu marga lampahe | praptanira Garobogan | panggih Sang Adipatya | Pugêr sami amêmangun | ing pikir ecaning lampah ||

22. dènira arsa masisir | Pangeran Mangkunagara | pinambêngan katanggêle | mangsane jawah punika | luhung benjing punika | yèn mêndha kang jawah wangsul | samangke luhung ngidula ||

23. anjampangi ing Matawis | kônca bupati punika | kang wontên Kêdhu Pagêlèn | sami sinupit ing mêngsah | dêlèr anèng Barangkal | saantuke mangsah bantu | mring Kêdhu Pagêlèn samya ||

24. tan adangu duta prapti | dutane Suryanagara | maring pangeran jujuge | lampahe atur uninga | tiwas kasambut ing prang | Tumênggung Jayadirjèku | lan Radèn Mangkuwijaya ||

25. Dipati Pugêr miyarsi | anjêtung astagpirollah | Pangran Mangkunagarane | wurung gènnya arsa dhahar | kapingungun sadaya | pangeran andikanipun | dèn age sira banjura ||

26. dutane Paman Dipati | Suryanagara nusula | mumpung kyai durung adoh | manawa kasêlak ngetan | gêcak ing Surabaya | Ki Dipati Pugêr matur | ing Pangran Mangkunagara ||

27. lidok tur kawula inggih | yèn paduka anuntêna | yêkti katiwasan gêdhe | pêjahipun Jayadirja | sêmpal baune kiwa | rama paduka sang

--- 74 ---

prabu | punapa dene sampeyan ||

28. caraka lajêng lumaris | Pangeran Mangkunagara | bêktani mantrine loro | angirid carakanira | Radèn Suryanagara | lajênga marang Madiun | ing wuri dadoskên rêmbag ||

29. Pangran Mangkunagarèki | kondura dhatêng Mataram | Dipati Pugêr badhene | marentahakên wong desa | kinèn karya rêratan | karyalok maring wong dhusun | lamun Natèng Kabanaran ||

30. wurung marang Surawèsthi | lampahe anikêl sêmat | anjog ing Dêmak badhene | karsa anggêcak Samarang | ngadu prajurit anyar | Pangran Mangkunagarèku | budhal saking Garobogan ||

31. angidul ngilèn lumaris | anjog dhusun ing Gagatan | kalangkung rêsah balane | samarga-marga angrayah | wong Sima wong Tinawan | nulya kang para tumênggung | kang têngga ing tanah Pajang ||

32. wus sami miyarsa warti | lamun gègère wong desa | wong brang lor angili kabèh | prasami ngumpul gêgaman | arsa mêthuk pangeran | anuwun parentahipun | Pangeran Mangkunagara ||

33. Brajadênta Brajamusthi | Tumênggung Surawijaya | miwah Suradigdayane | lawan Suramangunjaya | Tumênggung Dipadirja | sakidul Sima kapêthuk | kang pra dipati sadaya ||

34. kumrutug sami ngabêkti | wusnya tata sami lênggah | pangeran sru timbalane | kabèh sanak pra dipatya | padha apêpuliha | patine kancanirèku | paman Tumênggung Jadirja ||

--- 75 ---

35. iya loji Bayalali | iku apa nora kêna | iya kinarubut ngakèh | ature kang pra dipatya | anggèr kalangkung gawat | akathah mariyêmipun | botên kenging ginagampang ||

36. Pangran Mangkunagara ngling | payo padha pêpikiran | sun mondhok ing ngarêp kono | sigra sarêng bêbudhalan | kèndêl ing pasanggrahan | parentah ing pra tumênggung | sami kinon angrampida ||

37. nacak loji Bayalali | binanton môncanagara | bupati kapitu kabèh | tigang èwu kêkapalan | bupati tanah Pajang | kumpul kuda wontên sèwu | dadyagung grêgut nyarkara ||

117. Dhandhanggula

1. kang kinarya panganjuring jurit | sira Tumênggung Surawijaya | Tumênggung Dipadirjane | prapta surak gumuruh | wetan loji kiduling loji | miwah lèr baris Gabag | mung kang kilèn suwung | prajurit môncanagara | pêksa nêmpuh mariyêm sadaya muni | akèh turôngga kêna ||

2. samya giwar wong môncanagari | amangetan sami ingadhangan | mantri jêro jêjênênge | sakawan ngajak wangsul | wangsul ngilèn kang pra dipati | amor Bupati Pajang | anggênggêng ngêndhanu | bantu saking Surakarta | prapta dalu Kapitan Lowong tinuding | lan Alpèrès Salijah ||

3. kalih atus ingkang Bugis Bali | Jawa Mas Dêmang ing Surakarta | sami mêdal akêkèdhèr | nglalèdhèk tangkêpipun | upsir sami munggèng turanggi | lan para mantri jaba | wontên kuda satus | rame dènira [dè...]

--- 76 ---

[...nira] ayuda | yèn binujung panggiware nganan ngering | mariyêm loji munya ||

4. kadi guntur wantu-wantu muni | panggiware tan ana kang tahan | kang lèr sarêng pangangsêge | pinetar kawur-kawur | ingkang wetan angangsêg malih | dèn mariyêmi bubar | gumrubyug angêlun | dènira aprang sadina | tanpa wêkas pukul lima mundur sami | pra dipati sadaya ||

5. lajêng sowan ing ngarsanirèki | Pangran Dipati Mangkunagara | gumujêng myarsa ature | ingkang para tumênggung | lan ature mantri jro sami | kang anjênêngi yuda | sangsaya angguguk | wus datan kêna pinaksa | bêbidhungên wong desane kanan kering | ya padha rusakana ||

6. pan sadalu gunêm pra dipati | enjing pangeran sigra têngara | angidul ngetan budhale | sagung kang pra tumênggung | kinon wangsul barise sami | Pangran Mangkunagara | wus anjog ing Panggung | sadalu enjinge budhal | sapraptane Barija mung tigang latri | lajêng dhatêng Mataram ||

7. kunêng wau carakanirèki | nênggih Dipati Suryanagara | ing Madiun duk praptane | katur marang sang prabu | duk binuka suratirèki | lagya antuk satêngah | sang nata anjêtung | animbali pra dipatya | para mantri tuwin sagunging prajurit | prapta glar ngarsa nata ||

8. surat kinèn amaosa malih | marang Ki Tumênggung Sindusastra | wus prapta watês titine | patine Ki Tumênggung | Jayadirja sagung miyarsi | gumêr pangungunira | kadyamin puniku | amine sidhêkah Ruwah | pangungune [pangu...]

--- 77 ---

[...ngune] wong kathah mijil ing lathi | nata dhawuh kang waspa ||

9. langkung rêntêng tyasira narpati | kadya wangsula ngilèn cinipta | sampun kaliwat rêmbuge | dènnya arsa têtêmu | lawan têdhaking Surapati | sumados sri narendra | benjang praptanipun | ing nagara Kartasana | sawêg sami ngumpulkên kadangirèki | ingkang wontên Lumajang ||

10. langkung ruwêt ing tyas sri bupati | datan antuk anadhah anendra | barusah bubrah galihe | katon sasolahipun | Ki Tumênggung Jayadirjèki | rewang duk abêbakal | wimbuh ing tyas kambuh | lami tan kêna sineba | sidhêkahe para kaji kinèn ngaji | ing sapandhuwurira ||

11. sampun lami mèh kapiran budi | wontên caraka saking bang wetan | Adipati Cêbolange | angirid praptanipun | anak putu ing Surapati | ing Kadhiri wus prapta | cacah anak putu | kang mungêl sajroning layang | pitung dasa putunira Surapati | kang mêdal anak gangsal ||

12. ing samangke ingkang ambantoni | anak Bêrahim Wiranagara | anak Lêmbu Lêborane | miwah ta anakipun | Tirtanata sami anunggil | anak Suradilaga | Surapatinipun | ngumpul ing Bêrahim suta | putranipun sakawan kang jalu nênggih | kang sêpuh namanira ||

13. Radèn Malayakusuma nênggih | kang umadêg anèng nagri Malang | kang dadi pangaubane | ing sagung sanakipun | arinira namanirèki | Radèn Suranagara | malih arinipun | Rahadèn Jayanagara |

--- 78 ---

ari malih agênge anglêliwati | wontên tigang manusa ||

14. Ki Mas Sênthong kalareyannèki | anama Radèn Tirtanagara | amung banthèng titihane | turôngga sagêngipun | tan kuwawi dipun titihi | kadhang anitih cikar | mangkana sang prabu | kapencut sajroning sêrat | ing tyas aris lêjar pangungunirèki | mring Tumênggung Jadirja ||

15. budhal saking Madiun sang aji | balanira pan kadya samodra | Suryanagara dutane | wus pinaring sul-angsul | sarta kintun salawatnèki | lan ulês kinintunan | mori tigang kayuh | wangsule sarêng bubaran | sri narendra mring Ngêblag Kartasanèki | masanggrahan Caruban ||

83. Sunan Kabanaran masanggrahan wonten Kartasana anggladhi prajurit

16. ênjang budhal sawadyanirèki | sadintên rawuh ing Kartasana | masanggrahan ing wismane | nênggih bupatinipun | kang wadyagung makuwon sami | kadya cuwak prajanya | kanggènan wadyagung | arja ing sami sakala | pra dipati bang wetan sadaya kêrig | tugur nèng Kartasana ||

17. nuntên mundhut utusan sang aji | anganthèni Ngabèi Duljalal | Tumênggung Dêmak waune | ingkang badhe ingutus | animbali sutèng Ibrahim | kanthi punggawèng Srêngat | lan Japan puniku | Ngabèi Pandhawajaya |

--- 79 ---

wus lumampah sapraptanirèng Kadhiri | dhawuh ingkang timbalan ||

18. Adipati Cêbolang angirid | lawan Radèn Malayakusuma | Ibrahim suta malihe | lawan sakadangipun | dêdamêle yèn winitawis | gangsal atus sadaya | nênggih pamoripun | lan prajurit Surabaya | wontên sèwu praptane Kartasanèki | apan pinaring kurmat ||

19. iya dene taliti prajurit | urmat baris ngalun-alun aglar | amung prajurit jro bae | sêsak lun-alunipun | lan angirab pangerannèki | busananing kang wadya | kaparak dinulu | baranang giri pawaka | warna-warna lir panjrahing puspitadi | ebat ingkang umiyat ||

20. praptanira baris angurmati | munya kêndhang gong bèri sauran | sarunèn lan Carabalèn | Kodhokngorèk angungkung | sarta êdrèl nginggil turanggi | eram dènira mulat | wong Surabayèku | miwah prajurit ing Malang | sami dongong miyat tingkahing prajurit | kaya dudu manungsa ||

21. kêbat cukat arikat têrampil | sêbat-sêbut amor kudanira | atusan tunggal tingkahe | wau kalih tumênggung | ingkang mêthuk jawining kori | sadaya ingandikan | wau sang aprabu | ngrasuk busana sabrangan | arasukan toro mung wungu rêspati | angagêm kuluk jangkang ||

Lajêng nyandhak jilid 13.

--- [0] ---

Isinipun

... Kaca

75. Andhudhuk rêdi Tompomas. Sultan Bantên nyuwun pangayoman dhatêng Sunan Kabanaran ... 13

76. Dipati Cêbolang ing Surabaya malik tingal mêngsah Kumpêni dipun biyantu dhatêng Sunan Kabanaran ... 25

77. Sunan Kabanaran badhe nêlukakên tanah bang wetan ... 35

78. Adipati Suradiningrat ing Pranaraga mêpak bala badhe mapagakên pêrangipun Pangeran Mangkunagara ... 45

79. Sunan Kabanaran badhe rawuh dhatêng Pranaraga ... 52

80. Pêpêrangan ing Kêdhu, Radèn Mangkuwijaya tuwin Tumênggung Jayadirja sami nêmahi tiwas mêngsah kalihan Kumpêni ... 58

81. Para adipati ing bang wetan sami sowan Sunan Kabanaran ing Pranaraga ... 67

82. Pangeran Mangkunagara kondur dhatêng Mataram. Sunan Kabanaran anglajêngakên tindakipun badhe anggêcak Surabaya ... 72

83. Sunan Kabanaran masanggrahan wontên ing Kartasana, anggladhi prajurit ... 78