Sastra Jawa

Program Digitalisasi Sastra Daerah

  • Increase font size
  • Default font size
  • Decrease font size

Babad Giyanti, Balai Pustaka, 1937-39, #985 (Jilid 13)

Katalog:Babad Giyanti, Balai Pustaka, 1937-39, #985
Sambung:
1.Babad Giyanti, Balai Pustaka, 1937-39, #985 (Jilid 01). Kisah, Cerita dan Kronikal | Babad Giyanti #1061.
2.Babad Giyanti, Balai Pustaka, 1937-39, #985 (Jilid 02). Kisah, Cerita dan Kronikal | Babad Giyanti #1062.
3.Babad Giyanti, Balai Pustaka, 1937-39, #985 (Jilid 03) . Kisah, Cerita dan Kronikal | Babad Giyanti #1063.
4.Babad Giyanti, Balai Pustaka, 1937-39, #985 (Jilid 04). Kisah, Cerita dan Kronikal | Babad Giyanti #1064.
5.Babad Giyanti, Balai Pustaka, 1937-39, #985 (Jilid 05). Kisah, Cerita dan Kronikal | Babad Giyanti #1065.
6.Babad Giyanti, Balai Pustaka, 1937-39, #985 (Jilid 06) . Kisah, Cerita dan Kronikal | Babad Giyanti #1066.
7.Babad Giyanti, Balai Pustaka, 1937-39, #985 (Jilid 07). Kisah, Cerita dan Kronikal | Babad Giyanti #1067.
8.Babad Giyanti, Balai Pustaka, 1937-39, #985 (Jilid 08) . Kisah, Cerita dan Kronikal | Babad Giyanti #1068.
9.Babad Giyanti, Balai Pustaka, 1937-39, #985 (Jilid 09). Kisah, Cerita dan Kronikal | Babad Giyanti #1069.
10.Babad Giyanti, Balai Pustaka, 1937-39, #985 (Jilid 10). Kisah, Cerita dan Kronikal | Babad Giyanti #1070.
11.Babad Giyanti, Balai Pustaka, 1937-39, #985 (Jilid 11) . Kisah, Cerita dan Kronikal | Babad Giyanti #1071.
12.Babad Giyanti, Balai Pustaka, 1937-39, #985 (Jilid 12). Kisah, Cerita dan Kronikal | Babad Giyanti #1072.
13.Babad Giyanti, Balai Pustaka, 1937-39, #985 (Jilid 13) . Kisah, Cerita dan Kronikal | Babad Giyanti #1073.
14.Babad Giyanti, Balai Pustaka, 1937-39, #985 (Jilid 14) . Kisah, Cerita dan Kronikal | Babad Giyanti #1074.
15.Babad Giyanti, Balai Pustaka, 1937-39, #985 (Jilid 15) . Kisah, Cerita dan Kronikal | Babad Giyanti #1075.
16.Babad Giyanti, Balai Pustaka, 1937-39, #985 (Jilid 16). Kisah, Cerita dan Kronikal | Babad Giyanti #1076.
17.Babad Giyanti, Balai Pustaka, 1937-39, #985 (Jilid 17). Kisah, Cerita dan Kronikal | Babad Giyanti #1077.
18.Babad Giyanti, Balai Pustaka, 1937-39, #985 (Jilid 18). Kisah, Cerita dan Kronikal | Babad Giyanti #1078.
19.Babad Giyanti, Balai Pustaka, 1937-39, #985 (Jilid 19). Kisah, Cerita dan Kronikal | Babad Giyanti #1079.
20.Babad Giyanti, Balai Pustaka, 1937-39, #985 (Jilid 20). Kisah, Cerita dan Kronikal | Babad Giyanti #1080.
21.Babad Giyanti, Balai Pustaka, 1937-39, #985 (Jilid 21). Kisah, Cerita dan Kronikal | Babad Giyanti #1081.

Serie No. 1259l

Babad Giyanti

Anggitanipun Radèn Ngabèi Yasadipura I ing Surakarta.

Jilid 13.

Bale Pustaka - 1938 - Batawi Sèntrêm.

--- [2] ---

Wêwênangipun ingkang ngarang kaayoman miturut anggêr ingkang kapacak ing sêtatsêblad 1912 No. 600.

--- [3] ---

Sunan Kabanaran masanggrahan wontên Kartasana, anggladhi prajurit.§ Miturut babon ingkang sumimpên ing Kon. Bat. Gen. v. K. en W.

22. baludru cêmêng mubyar binludir | kêkintunira Dêlèr Samarang | pan sarung Bugis nyampinge | rema kêtêl apatut | kadya Prabu ing Maospati | wau kalih punggawa | kang ngirid lumêbu | Mas Rôngga Wirasêtika | lan Pangeran Pakuningrat ngancarani | marnahkên unggyanira ||

23. dupi cêlak sang nata nambungi | padha dèn parêk ing ngarsaningwang | sami sandika ature | sami asèlèh dhuwung | kumarubut samya ngabêkti | mangaras ing suku sang | mangusapi lêbu | sawusnya têlas sadaya | Ki Ngabèi Dul Jalal marpêk bêbisik | punika kang rasukan ||

24. kotang tarateyan cêmêng nênggih | kang abêbêd samboja jo ingkang | têlaga muncar udhênge | pun Cêbolang pukulun | sigra mundur wusnya bêbisik | Ki Ngabèi Dul Jalal | ngandika sang prabu | angèncènga lungguhira | ingsun tuduhêna kang sawiji-wiji | Cêbolang nêmbah mangsah ||

25. dupi marêk rinanggèh astèki | di marene aja sira taha | marêpa mangulon bae | ngisore dhampar ingsun | Ki Cêbolang marêbês mili | kawratên sih sang nata | kabèh sami ngungun | dene lagya wruh sapisan | pêpatute lir wis wawuh tigang warsi | rakête pawong [pa...]

--- 4 ---

[...wong] sanak ||

26. ngandikaris Cêbolang kang êndi | iya Si Brahim suta kang tuwa | kang dadi pamugêrane | Cêbolang nêmbah matur | kang rasukan baludru wilis | ingkang udhênge jingga | limar nyampingipun | nulya winastan sadaya | sadhèrèke sakawan dipun wastani | myang kadang nak ing sanak ||

27. panggulune Suranagarèki | nuntên arine Suranagara | nuntên ingkang wuragile | kang luwih agêngipun | Ki Mas Sênthong Tirtanagari | ingawe kinèn cêlak | kalangkung gêngipun | kinèn acucul rasukan | rasukane nênggih kotang kêstop putih | wus sami cinuculan ||

28. ika baya ingkang tiru kaki | wong samene iki nora nana | ingkang samene gêdhene | ing sabarisan agung | suka gujêngira narpati | dangu-dangu umiyat | yèn ana wong sêpuh | lah bang tuwa iku sapa | ajêjenggot Cêbolang matur wotsari | abdi dalêm pun bapa ||

29. sri narendra angandika aris | sira ingkang nama Wirasraya | duk kakang prabu swargine | kang kinarya tumênggung | iya Sêcanagara nguni | kala nèng Pranaraga | duk sira jinunjung | pukulun inggih kawula | kinarsakkên lawan anak Sawunggaling | gih pun Sasranagara ||

30. sri narendra kèngêtan ing galih | iya talah wis nora kayaa | Si Sawunggaling budine | prakoswa nora tangguh | tundha bema têmah kacêlik | apa tan rêmbugana | kalawan sirèku | Wirasraya [Wira...]

--- 5 ---

[...sraya] matur nêmba | sêdyanipun Surapringga miyambaki | arsa nama dipatya ||

31. kula myarsa kula mituturi | babar pisan aluwung sowana | sampun tanggêl panggawene | ing paduka rumuhun | kula ingkang têngga Kumpêni | manahe dèrèng eca | bilih pinakewuh | sang nata alon ngandika | iIya iku wong tanggung pikire ugi | ing wêkasane tiwas ||

32. Wirasraya umatur wotsari | kala tuwan kithèng Kabanaran | sabarang atur-ature | ing paduka pukulun | pan kawula inggih sapalih | ngungun duk amiyarsa | wau sang aprabu | lah ika anake sapa | bapakipun Pukulun pun Sawunggaling | pinêndhêt anak angkat ||

33. dhatêng abdi paduka ing nguni | gih pun Uwa Dipati Jangrana | Wiradadaha Mantrine | ngandika sang aprabu | yèn mêngkono boboting cilik | dudu karabatira | iya sira iku | apane Jayapuspita | nêmbah matur mantu kang sêpuh pribadi | nging mantu pêpulunan ||

34. iya Wirasraya wus pinasthi | sira mênangi ing jênêng ingwang | karsaning Hyang Rahmat Gêdhe | aja taha sirèku | ngemutêna mêmulang nênggih | pratikêling ayuda | umatur anuwun | pan sarwi marêbês waspa | tega têmên mring kang abdi Surawèsthi | Sang Natèng Kabanaran ||

35. dangu-dangu sang nata ningali | ragi nganan ana kang alênggah | agawat ing pasêmone | aragang dhapuripun | tuwa nora tuwa sayêkti |

--- 6 ---

anetra lênggut liman | nanging gutuk untu | rambutipun dèrèng uwan | taksih cêmêng rasukan baludru wilis | kotang renda satêbah ||

36. udhêng Arab sruwal kêsting abrit | bêbêd ragi bali kêkencongan | gêdhog Makasar bêntinge | nyuriga pêdhang suduk | pantês lamun kokoh ing jurit | ngandika iya sapa | Wirasraya iku | kang ana ing kerinira | Wirasraya pukulun abdi narpati | anakipun pun uwa ||

37. têtilare abdi padukaji | gih pun Uwa Dipati Jangrana | mangkya ngabèi namane | gih Jangrana Pukulun | api kagèt sri narapati | apa iku kang aran | kalareyanipun | iya Ki Jaka Tangkêban | matur inggih gumujêng sri narapati | hèh pawong sanak ingwang ||

38. aja ngarani angkuh mring mami | ngrungu swara durung wruh ing rupa | tibaning wruh lagi kiye | sokur rahmat maring sun | ing têgêse dene mênangi | ingsun amurwèng yuda | sira durung lampus | kawilang prajurit kuna | mêngko ingsun basa têmu lan sirèki | sayêkti bêgjaningwang ||

39. Adhi Mlayakusuma sirèki | ngulihana iya jênêng bapa | nama ing kaki asale | anamaa sirèku | Adipati Wiranagari | lamun sira kaduga | loji Gêmbong iku | uwisêna babar pisan | nagri wetan sun pasrahakên sirèki | baboning Pasuruhan ||

40. Pajarakan Prabalingga Bangil | Porong Malang miwah

--- 7 ---

ing Lumajang | sun paringkên sira kabèh | sakèhe anak putu | pra dipati lan para mantri | padha angèstrènana | ing jêjulukipun | Dipati Wiranagara | sahur sêmbah para mantri pra dipati | kabèh saurkukila ||

41. Adipati Cêbolang nambungi | loji Gêmbong wus lami kinêpang | muwêr sami Walandine | mila kèndêl pukulun | dèrèng wontên ingkang ngidini | mangkya maksih kinêpang | inggih kang tinuduh | Kartanagara Lumajang | kadangipun nak sanak pun adipati | nênggih Wiranagara ||

42. angandika wau sri bupati | Adhi Dipati Wiranagara | bantonana prajurite | kang ngêpung Gêmbong iku | arinira iya kêkalih | ya Si Suranagara | namaa tumênggung | Tumênggung Suranagara | ingkang anom iya wuwuha namèki | Arya Jayanagara ||

43. sun gawani nagara kêkalih | ambantoni marang Pasuruhan | ing Japan Wirasabane | mangkata besuk esuk | dhuwung waos wus dèn paringi | kandêlan wrat nyakawan | êmas sêpuh-sêpuh | pra sami sopal kancana | miwah malih rasukan baludru sami | lan sakancinge pisan ||

44. niga bêlah reyal dèn paringi | Radèn Tumênggung Suranagara | Arya Jayanagarane | kalih agêng tyasipun | èpèk renda dipun paringi | katimange kancana | wawrate nyapuluh | kang kari kinèn mondhoka | tinut wuri jodhang puluhan aradin | sawong prajuritira ||

--- 8 ---

45. pêndhak enjing ing budhalirèki | Suranagara Jayanagara | Ngabèi Japan kanthine | wau ta ingkang kantun | Adipati Wiranagari | lan Dipati Cêbolang | pan ing sabên esuk | lawan dènira ngandikan | lan sang nata gunêm masalahing jurit | lan sagung pra dipatya ||

46. akasukan wau sri bupati | bêbêdhayan prajurit tayungan | wong Bali anyar prapta kèh | sami darahing ratu | namanira Dyan Manik Lungit | lawan Radèn Jayastra | ing bêbêktanipun | saking ing Nungsakambangan | nigang dasa praptane nêdya angabdi | mring Natèng Kabanaran ||

47. wus pinacak kinarya prajurit | nama atusan wong Brajayuda | ing kaparak golongane | sami rasukanipun | pêthak tinarate ing abrit | sami sinungan jangkang | kabèh kulukipun | nênggih sami binacingah | abang putih samya gêng ing tyasirèki | wadyèng Nungsakambangan ||

48. sabên enjing mijil sri bupati | ngirabakên prajurit sadaya | ingajar ing prang pagute | kang pinrih gêlaripun | angsahira kinèn maoni | mring Ngabèi Jangrana | dhinawuhan sampun | Mas Rôngga Wirasêtika | wadana jro ingkang kinèn anindhihi | sagung wadya kaparak ||

49. kirab anèng jawining nagari | pinggir wana ara-ara jêmbar | prajurit sru têngarane | kang prang kuda rumuhun | nuntên wadya kaparak sami | umagut aprang dharat | winêtokkên sampun | sadaya wus [wu...]

--- 9 ---

[...s] kaupiksa | mring Ngabèi Jangrana wus dèn takoni | marang sira Mas Rôngga ||

50. pundi paman kang dèrèng prayogi | anauri Dipati Jangrana | inggih anak sadayane | sampun sami panuju | anglangkungi gêlar puniki | lawas kang kina-kina | lêluri winangun | pun bapa amung satunggal | dèrèng sênêng prajurit jro angsahnèki | sami anyèrèt tumbak ||

51. Dene kêdah unggula ing jurit | inggih sawêg winaris kewala | anak amrih sayêktine | dene prange wong agung | wuta tuli tumbak cinangking | punapa sok pêranga | banjur soroh amuk | lajêng mijêt bahunira | kiyu têmên bahu kula aningali | anak angsah andika ||

52. yèn apranga lan wong Surawèsthi | kula tadhahi gêlar balêsar | dadia senapatine | kula rewangi ngantuk | gumêr sagung para dipati | suka gumujêng samya | Jangrana acucut | anak mas ukaraning prang | sapambalang rubuhe kang watang sami | yèn prang ngangge ukara ||

53. Rôngga Wirasêtika dhêngkoni | mila pangran wingi sri narendra | sampeyan pinrih têgêse | mahonana kang luput | bapak sêpuh pasthi prayogi | yêkti lêrês sampeyan | bucal ukarèku | angling Ngabèi Jangrana | apan lajêng sang nata amrih utami | sampun bucal ukara ||

54. botên ngangge wawratan ngajurit | sok apranga angamuk kewala | tan etung kalamangsane | sidaguri winadung | yèn nêgora witing [wi...]

--- 10 ---

[...ting] kusambi | kang dèn angge punapa | inggih wadungipun | punapa inggih wontêna | gênging wadung sakêlasa bôngka inggih | sangkale satirisan ||

55. manungsane wontêna rong èsthi | malah langkunga ing patang gajah | anak punika èsthine | sami suka gumuyu | kang miyarsa para dipati | gumyah ambatarêbah | sarêng unduripun | sapraptanirèng paseban | Ki Jangrana kêdah angantun nèng jawi | tan purun lumêbêta ||

56. lah inggih sampun anak pribadi | atur kula têlasipun anak | Mas Rôngga ing malêbête | praptèng byantaranipun | sri narendra ngandika aris | ana ngêndi Jangrana | Rôngga nêmbah matur | kêdah nèng jawi kewala | priye Rôngga apa ana dèn waoni | mau mring Si Jangrana ||

57. Rôngga Wirasêtika wotsari | datan wontên ingkang winancenan | ginunggung gêlar sakèhe | mung satunggil pukulun | dipun cacad dipun poyoki | mênggah ngêlandhak tumbak | dene kramanipun | winastan tilar ukara | ngicalakên parikramaning ngajurit | ambuta tuli nasak ||

58. cucutipun inggih parêk pati | sri narendra alon angandika | Rôngga bênêr lamun kuwe | ya lagi buru butuh | lagi durung ana pinikir | saakal-akal ingwang | durung ana tinut | mêngko ana botoh tuwa | yêkti wajib pagêlare dèn ugêmi | anganggo môngsakala ||

59. timbalana lumêbêt tumuli | lawan [lawa...]

--- 11 ---

[...n] Si Adhi Wiranagara | lan Dipati Cêbolange | Wirasraya ywa kantun | Si Jangrana padha wong bumi | Mas Rôngga sigra mêdal | praptèng jawi dhawuh | kerid lumêbêt sadaya | sapraptaning ing ngabyantaraning aji | sang nata angandika ||

60. Adipati Wiranagarèki | paran wartane kang bantu ngetan | kadangmu karo lakune | Si Suranagarèku | lan Si Jayanagara nênggih | ana gumuning rowang | sigra awotsantun | Dipati Wiranagara | inggih abdi dalêm dutanipun prapti | Gêmbong taksih kinêpang ||

61. abdi dalêm pasêdhahan gusti | sampun rantam barise pinacak | tigang èwu dêdamêle | ping kalih yudanipun | bantu saking ing Surawèsthi | prang wontên Prabalingga | ing mangke pukulun | bantu Sampang Surapringga | ingkang bantu mantuk dhatêng Surawèsthi | badhe wangsul wartinya ||

62. kathah bantu kang saking Samawis | sami tata wontên Surapringga | miwah Madura bantune | inggih kang tigang èwu | wangsul lawan bala Kumpêni | kawan èwu Madura | inggih badhenipun | anggitik môncanagara | Wirasaba ing Japan miwah Kadhiri | bantu Kumpêni mudha ||

118. Sinom

1. kawan atus Kumpêninya | dhomas ingkang Bugis Bali | kawan èwune Madura | mila taha ing samangkin | yakin ingkang pawarti | lamun paduka pukulun | rawuh môncanagara | wau gumyah ing pawarti | mung Pangeran Mangkunagara kewala ||

2. malih inggih Surapringga |

--- 12 ---

ingkang sami dèn jagèni | kêrig prajurit Madura | kang tugur ing Surawèsthi | sang nata ngandikaris | Adhi Suranagarèku | lah iya ngarah apa | sêlot-sêlote ta adhi | sêdhêng tamban anata prajuritira ||

3. mangkana wau sang nata | angayêmakên kang abdi | nèng tanah môncanagara | akasukan sabên ratri | lan sagung pra dipati | sami eca manahipun | tuwin wong agung wetan | anak putu Surapati | langkung carêm agung atampi ganjaran ||

4. sampun kinulawisudha | sinungan nama dipati | Dipati Wiranagara | kadang anom tiga sami | tiga pisan sinami | sinungan nama tumênggung | mintir kang dana boja | wus inganggêp kulit daging | kunêng ingkang sawadya angeca-eca ||

84. Pêpêrangan ing Kêdhu, Pagêlèn tuwin Banyumas saanteronipun wadya bala Kabanaran dipun biyantu Sultan Bantên

5. gantya malih kawuwusa | kang sabên dina ajurit | Kêdhu Pajang lan Mataram | Pagêlèn rame ajurit | kang baris Kêdhu sami | kasoran samangke unggul | Pangran Mangkunagara | pinarêk wontên Matawis | milanipun sadaya mêngsahê taha ||

6. Sultan Bantên angkatira | lan bupati para mantri | badhe

--- 13 ---

anggitik Toyamas | Tumênggung Mangkudirjèki | prajurit kang turanggi | sadaya pan wolung atus | kalawan pitung dasa | kalih èwu dharatnèki | praptèng lêdhok pamrêdèn dhadhal kewala ||

7. Tumênggung Yudanagara | bitinge wetan nagari | galugu akapurancang | santosa dipun tênggani | sagung punggawa bèi | bang kilèn tugur nèng ngriku | kathah kêriganira | wau ta sampun miyarsi | lamun Sultan Bantên badhe mukul ing prang ||

8. sigra dènira utusan | marang Pagêlèn lumaris | duta prapta atur surat | marang ki tumênggung siji | siji marang Kumpêni | Kapitan Bagrak puniku | sami ungêling surat | nêdha bantu ing ngajurit | alon mojar Ki Tumênggung Arungbinang ||

9. tuwan lamun datan rikat | bilih kawratan pun adhi | Tumênggung Yudanagara | Kapitan Bagrak sigra ngling | dika amatah mantri | kewala ingkang abantu | lawan Kumpêni kula | kapat sasur ingkang putih | Litnan Busèk puniku kang ngirid lampah ||

10. lawan bature Si Bapak | Kapitan Gôndariyèki | wong Bali sèkêt kewala | bêktaa mriyêm kêkalih | ki tumênggung anuding | kalih kapanewonipun | lawan sakancanira | sadaya cacahe mantri | prajurite gangsal atus kang turôngga ||

11. Ngabèi Martadipura | Panèwu Marta ranèki | budhal lampah sigra-sigra | datan kawarna ing margi | ing Banyumas praptènjing | wus panggih lan ki tumênggung | pinrênah [pi...]

--- 14 ---

[...nrênah] ing panggenan | lawan mariyêmirèki | bètèng pasang rakite sampun santosa ||

12. langkung suhun-suhunira | mangkana ingkang winarni | Ki Tumênggung Mangkudirja | lan Prabu ing Pakungwati | panganjurira prapti | nocok pabitinganipun | rame surak wurahan | ing jro anadhahi bêdhil | sami giwar ngantosi ing gustinira ||

13. tan adangu praptanira | Sang Prabu Mangkarawati | lan Tumênggung Mangkudirja | angangsahakên prajurit | Ki Tapa angawaki | angirid prajuritipun | wong Bantên andêling prang | tigang dasa sondhèr kuning | têtindhihe Radèn Arya Kêndhayakan ||

14. ingangsahkên ngamuk dharat | angrangsang angrêbat biting | amung kêkalih turôngga | Ki Tapa kang maksih nitih | lawan Radèn Aryèki | Kêndhayakan maksih manggung | nèng kuda songsong pêthak | sêntana ing Pakungwati | naking sanak lan Sultan Tubagus Buwang ||

15. prajurit Bantên angrangsang | datan kandhêg dèn bêdhili | Ki Tumênggung Mangkudirja | angawêt anganan kering | Sultan Bantên jênêngi | songsongipun kuning sungsun | caruk prajuritira | anarik kalewang sami | pangukihe nêdya ngobrak-abrik jagang ||

16. angrangsang-ngrangsang katulak | ingêdrèl ngudanan mimis | kumêrap maksih angrangsang | prajurit ing Pakungwati | sogok-sinogok sami | rame rok asilih caruk | akathah kang kabranan | dèrèng suda tyasirèki | angawaki dharat Radèn Kêndhayakan ||

--- 15 ---

17. ginarudug ing sênjata | wong Bantên amêksa ngukih | wus kathah ingkang kabranan | binayang mundur kang kanin | kang kari nusul ngukih | berangi biting galugu | prajurit kang turôngga | kang sami dèn mariyêmi | sami giwar sagung kang prajurit kuda ||

18. kang angrangsang ingêdrèlan | asru dèn êsoki mimis | nyangkinmangkin. kathah kang kabranan | Ki Tapa kudane kêni | mundur pra samya miris | Kumpêni pangêdrèlipun | rontaka lan darebas | langkung ramening ngajurit | sami mundur marang wana taraban ||Kurang satu suku kata: sami mundur marang wana tarataban.

19. kalih jam ing yudanira | prajurit ing Pakungwati | ingkang pêjah tiga wêlas | pitu ingkang sami kanin | Sang Prabu Pakungwati | asru dènira amuwus | hèh Kakang Mangkudirja | paran pênêde puniki | anauri inggih ta sadasa-dasa ||

20. wong mungsuh botên kantênan | wong aprang kalawan mimis | lamun sami katingala | sayêkti gitik-ginitik | sasat mungsuh dhêdhêmit | yèn wontêna ingkang mêtu | kula kang anêrajang | kula ilês ing turanggi | yèn punika inggih anggèr maksih gawat ||

21. lamun suwawi punika | paduka kula aturi | panggih lan raka paduka | Pangran Purubaya inggih | sami amangun pikir | bilih kadhangan sing kidul | anggitik ing Toyamas | Sultan Bantên anuruti | budhal ngidul mring Pagêlèn saha bala ||

22. Ki Tumênggung Mangkudirja | tinuduh kinèn ngawali | nèng lalêdhok saking wetan | sandika Mangkudirjèki | lawan nguruni mantri |

--- 16 ---

têtiga kalawan jagul | Tumênggung ing Banyumas | sampun amiyarsa warti | ing budhale mring Pagêlèn mungsuhira ||

23. nora gawa baris Jawa | Sang Prabu ing Pakungwati | prajurit Bantên kewala | mung bêkta têtiga mantri | mantri ingkang jagani | jagul pêpikulan sangu | prajurite prayoga | wong Bantên ingkang prajurit | botên luwih mung tigang atus sawidak ||

24. panggih wetan Bagawônta | Pangeran Purubayèki | anèng dhusun Bantardawa | kasoran dènira jurit | lamun kang rayi prapti | pinêthuk lajêng kapêthuk | sami arêrangkulan | sawusira tata linggih | sami tutur-tinutur kasoran ing prang ||

25. Pangran Arya Purubaya | tutur kasoran ing jurit | kalawan Kapitan Bagrak | ngrêbat Pagêlèn tan olih | mangke baris Kumpêni | sampun wontên ing Sigaluh | kalawan Arungbinang | Pagêlène tan dèn goni | Sultan Bantên tutur kasoran ing yuda ||

26. anggitik nagri Toyamas | pinêthuk wetaning nagri | bitinge langkung santosa | tan kêna ingungkih jurit | lawan wontên Kumpêni | saking Pagêlèn bêbantu | dadya mangke ngandika | Pangeran Purubayèki | yayi prabu punika rêmbag kawula ||

27. kula bantoni punggawa | satunggil pun Sawunggaling | dadosa êlok kewala | amukul Toyamas malih | yèn sampun kapiyarsi | nuntên wangsula mangidul | mêdal kilèn kewala | mukul Pagêlèn sayêkti | kula adhi [a...]

--- 17 ---

[...dhi] ingkang gitik saking wetan ||

28. yèn sampun Pagêlèn pêcah | Toyamas puniku gampil | saking ing ngriki kewala | kang wetan Mangkudirjèki | dipun kèn angawaki | payo-payo api ngamuk | adhi punika warta | anglurug mangetan sami | sampun radin têtiyang môncanagara ||

29. antuk sabin pitung lêksa | raka dika sri bupati | sampun mèh angkat-angkatan | gêcak loji Surawèsthi | kula sandika adhi | lan raka andika besuk | Kangmas Adiwijaya | lamun tan tuna ing kardi | gih punapa adhi saèn pêpanggiha ||

30. anggitik ing Surapringga | raka dika sri bupati | ngadu wong môncanagara | prajurite kang turanggi | salêksa malah luwih | dharate rong lêksa punjul | botên lami watara | pêcahe ing Surawèsthi | lajêng ngilèn raka andika sang nata ||

31. punika yèn kalêrêsan | yèn bêdhah Toyamas adhi | botên kudu ngêpung Têgal | sami pinaliwat adhi | Pamalang dèn anciki | sayêkti anulya têpung | Dhimas Natakusuma | Kangmas Adiwijayèki | sayêktine kapanggih ing Pakalongan ||

32. Dipati Suryanagara | ngancik Têgal Lèpèntangi | raka andika sang ta |Kurang satu suku kata: raka andika sang nata. pasthi Dêmak dèn anciki | angêpung ing Samawis | kula lan dika puniku | Kangmas Adiwijaya | sami ngêpung loji Têgal | pan makatên rêkane yèn angsal lampah ||

33. tinêlukkên wong

--- 18 ---

Pasundhan | saking ing Toyamas benjing | sayêkti gampil kewala | môngsa ngawalana jurit | yèn Pasundhan wus radin | Batawi aja cinatur | liniwatan kewala | mulih marang Pakungwati | kula lawan Dipati Suryanagara ||

34. kang ngatêr ing laku dika | mulih marang Pakungwati | adate raka andika | yèn aprang wus antuk titih | botên marêm ing galih | pêngamuke ngiwat-ngiwut | tan ana malang-malang | gêmpang ingkang kapalipis | pan anglurug tan wontên gawêr ing marga ||

35. apan wus tamtu ing wêca | adhi yèn trahing Matawis | yèn wus umbul-umbul Kuran | ing ngayuda pilih tandhing | raka dika puniki | ngantêpi agamanipun | kathah kadang kawula | adhi mung siji puniki | têtêkone têtêp mantêp ing agama ||

36. kalangkung suka miyarsa | Sang Prabu ing Pakungwati | mirsa kojahe kang raka | Pangeran Purubayèki | rêmbuge sampun dadi | kunêng gantya kang winuwus | Tumênggung ing Toyamas | kang ngantukakên Walandi | mring Pagêlèn yèn mêngsah angidul samya ||

37. anjog Pagêlèn sinêdya | Sang Prabu Mangkarawati | Kapitan Bagrak ginêcak | kang tate prang amêtoni | tan purun prang jro biting | Kapitan Bagrak dakipun | wantêr ayuda dhadha | angantêp gitik-ginitik | wêwatêke Kapitan Bagrak anggagrak ||

38. lampahira wangsul gêlar | marang Toyamas ing warti | binanton Pangran Purbaya | kang dinuta Sawunggaling | marga malipir wukir | Selamanik menggok [meng...]

--- 19 ---

[...gok] ngidul | dalu dènnya lêlampah | Karangdhuwur kang dèn jogi | têlikira Ki Tumênggung Arungbinang ||

39. kang kinon momor ing lampah | mring Sultan ing Pakungwati | gugup dènira anyimpang | sapraptane tur udani | yèn mêngsahira mangkin | nambuh lampah Karangdhuwur | badhe anjog angetan | kang angiring Sawunggaling | ki tumênggung miyarsa gupuh ing lampah ||

40. mring loji panggih kapitan | bilang mungsuh andhatêngi | sêdyane anambuh lampah | urut sèwu kang dèn jogi | gupuh dènnya miyarsi | angundhangi wadyanipun | sigra Kapitan Bagrak | ki tumênggung kadi pundi | akal dika punapa ta kinêdhikan ||

41. punapa gih kinathahan | magut Rajèng Pakungwati | adat puniku prawira | botên kêni ginagampil | duk wontên Pakungwati | wikana mangke puniku | Tumênggung Arungbinang | inggih tuwan winêtawis | sampun kongsi kuwatir kang kantun wuntat ||

119. Pangkur

1. tuwan pinalih kewala | gih kathaha kapara ingkang kari | kula mung bêkta rong atus | prajurit kang turôngga | ingkang dharat amung bêkta tigang atus | sapalih mantri kang milya | Kapitan Bagrak amijil ||

2. dragundêre kawan dasa | kalih dasa amung kang jalan kaki | kalih bêlah Bugis Wangsul | Kapitan Gôndariya | upêsire kang turôngga têlung puluh | saking pakuwon wus budhal | ing lampah ragi anyilip ||

3. sarêng rêp Kalêgèn prapta | amakuwon anèng

--- 20 ---

wismaning Mantri | Kalêgèn wêtan puniku | kiwa amot wong kathah | tan katawis margi agêng ingkang kidul | sadalu apirêmbagan | angreka gêlaring jurit ||

4. Ki Tumêngung Arungbinang | maos sêrat antuke ponang têlik | cacah prajurite mungsuh | pêpênêde sadaya | busanane kudane aja kaliru | kalih atus salawe prah | andêl pamuking ngajurit ||

5. kang satus têtindhihira | pangiride Ki Dêmang Rêsapati | turanggane janjang biru | rasukan kêsting abang | têlakupe baludru dêmang puniku | grim kuning saruwalira | kêras Dêmang Rêsapati ||

6. Ngabèi Jayakintara | satus malih prajurit dèn tindhihi | turanggane abang sêpuh | martas we jo bajunya | têlakupe rêrendan baludru biru | lancingan biru sangkêlat | satêbah pêsmènirèki ||

7. dodot kuning salawe prah | kadi sondhèr puniku kang nindhihi | payung putih namanipun | Radèn Mas Kêndhayakan | kuda rajêg abaju irêng baludru | pinêsmèn nurut dondoman | udhênge cawêni putih ||

8. baludru jo kang lancingan | ambêranyak kuda adheyan nyirig | Ki Tapa nunggil ing ngriku | cêmêng ing kudanira | rasukane lurik kuning ulêr lulut | talakup baludru abang | saruwal kombor grim kuning ||

9. dene ta pangajêngira | wontên sèkêt dêmang baku nindhihi | bajune sangkêlat biru | bopong turangganira | nora nganggo talakup kawêng talêngkung | ngrangkêp saptangan [saptanga...]

--- 21 ---

[...n] gêmbaya | sultane apayung kuning ||

10. turanggane dhawuk pêthak | kêkambile laras baludru wilis | cindhe bang palisiripun | baju toro kewala | salancingan ngiras sami salmur wungu | baludru cêmêng kang jangkang | tirah lunglungan binludir ||

11. pangayape tigang dasa | mung sadasa kuda kang munggèng ngarsi | nanging arang kang asêpuh | sami rare sêdaya | dipun eling tuwan barise martêlu | lawan inggih dipun awas | mungsuh kang ala kang bêcik ||

12. Sawunggaling gène têbah | amung kuda sèkêt botên aluwih | ragi kering ngarsanipun | puniku benjang-enjang | Sawunggaling kula kèn mêdhot rumuhun | pisaha kalawan Sultan | Sang Prabu ing Pakungwati ||

13. ingkang ngajêngi kawula | lan pun Bapa Gôndariya ing benjing | dene tuwan liyanipun | prajurite kang kathah | sampun tuwan obah saking ênggèn besuk | prang têtêg inggih kênia | yèn kula sor kula ungsi ||

14. kang adodot kuning tuwan | wong sêlawe pamuk andêling jurit | yèn dèrèng katon puniku | sampun tuwan agahan | nadyan katon yèn kula dèrèng amburu | sampun dika obah-obah | tan wontên kang kula ungsi ||

15. Kapitan Bagrak lingira | inggih tuwan tumênggung kadi pundi | mungsuh saking kilèn iku | lakunipun angetan | yêkti kula pêgati wetan umagut | nauri Kyai Rungbinang | botên tuwan saking kering ||

16. yèn tuwan pêgati [pêga...]

--- 22 ---

[...ti] marga | balanipun Sang Prabu Pakungwati | pêparon watawisipun | yèn botên lon-alonan | ingkang jêrih inggih kalawan kang purun | lamun pinêgat ing ngarsa | kang jêjêrih têmah wani ||

17. yèn winêton ing ngiringan | ingkang jêrih tulus gènipun jêrih | sayêkti padha lumayu | kari kang wani padha | wong apêrang sanadyan mênanga iku | kalamun balane rusak | pan tiwasing senapati ||

18. rêmbag sadalu tan puwas | rêbat ana sadalu apradondi | Kapitan Bagrak puniku | kêdah panggitikira | saking ngarsa yèn mungsuh kalamun cakut | dèrèng rêmpêg kang pirêmbag | sami kakunê tyasnèki ||

19. ki tumênggung nulya mêdal | api-api têtoya praptèng jawi | parentah ing balanipun | desa kang kulon ika | desa suwung padha obongana iku | ingkang tinuding lumampah | tumênggung lumêbêt malih ||

20. ing kuwon pan kalênggahan | lan Kapitan Bagrak nulya miyarsi | obong-obongan gumrubug | tanya Kapitan Bagrak | gêni paran puniku tuwan tumênggung | saure Ki Arungbinang | tuwan kula tan udani ||

21. saksana samya umêdal | lajêng mulat dahana gêgilani | Kumpêni ngundhangan kumpul | miwah sagung wong Jawa | sami kumpul manawi solahing mungsuh | mangantine pan kongsi byar | lajêng budhal ngilèn sami ||

22. nanging kêkalih marganya | êlèr kidul kang êlèr dèn margani | datan têbih longkangipun | amung

--- 23 ---

êlêt sadesa | kêkapalan kang sami wontên ing ngayun | kang dharat wontên ing wuntat | puk ro kathah dharatnèki ||

23. Kumpêni miwah wong Jawa | kathah dharat lampah dadya satunggil | mêngsah lampahe martêlu | Sultan Bantên nèng dhadha | Sawunggaling kang pangawat kiwanipun | têngên Panêmbahan Tapa | lawan dêmange kakalih ||

24. Ki Tumênggung Arungbinang | Kakang Kartilêksana dika ugi | lawan Martadipa gupuh | dèn enggal anêngêna | Sawunggaling pukulên kiwa gènipun | poma ta dèn kongsi pêcah | lan Sultane Pakungwati ||

25. Ngabèi Kartilêksana | lajêng pisah wau duta kang nêlik | prapta panggih ki tumênggung | matur mungsuh wus cêlak | tan adangu kang rantap-rantap kadulu | pangarsa dharat sawidak | Kapitan Bagrak udani ||

26. lajêng dènnya anarajang | binêdhilan lajêng palajêngnèki | ngetan sami dèn bêbujung | bantêr Kapitan Bagrak | ki tumênggung kèndêlan sawadyanipun | kalawan Kumpêni Islam | lan Kumpêni jalan kaki ||

27. Kapitan Bagrak wus têbah | Lutnan Busèt Kaptin Gandariyèki | wuwus marang ki tumênggung | tuwan tumênggung paran | dika susul sudara tuwan puniku | mungsuh kang agêng nèng wuntat | sêrunine kapiyarsi ||

28. indêlna kaparèng tiwas | ki tumênggung sigra nandêr pribadi | Kapitan Bagrak kasusul | ambêdhili wong dharat | mungsuh sami nalêsêp ing dhusun-dhusun | sami wong ala kewala | tumênggung asru dènnya ngling ||

29. hèh tuwan kapitan paran | karsa dika [di...]

--- 24 ---

[...ka] kula botên mangrêti | aprang botên ngangge rêmbug | sakarêp-karêp dika | botên kapok Si Kalèrêg tumpêsipun | lan Si Uce prang Pajênar | ngangge karêpe pribadi ||

30. wong ala dika têrajang | mungsuh ingkang têmên maksih nèng wuri | kêrungu kêndhang gongipun | sarunine kapyarsa | batur dika puniki kathah kang kantun | kapitan mèsêm anulya | dawêg ki tumênggung bali ||

31. tan adangu lampahira | mungsuh katon eca dènnya lumaris | dupi sarêng ing pandulu | sarêng panêmpuhira | wong ing Bantên Kumpêni ingkang tinêmpuh | ingêdrèl mêksa angrangsang | panunjange numbak wani ||

32. amung tiyang kalih dasa | yèn caraa yudane wong Matawis | ngarsa nunjang wuri nusul | mila Kumpêni rusak | punika ta kang ngarêp sampun anêmpuh | wuri ningali kewala | tinon tan wontên nulungi ||

33. wus lingkap Kapitan Bagrak | sangêt kuwur sakêdhap wong Kumpêni | sakawan dragundêripun | ingamuk tinalêmpak | ingkang pêjah tiba saking kudanipun | tumênggung arsa tulunga | Sultane Bantên anggitik ||

34. ki tumênggung tinarajang | pinanggahan nanging wadyanirèki | sami miris manahipun | dadyasor yudanira | wus kabêrêg wau sira ki tumênggung | prajurit turôngga sirna | kantun ingkang dharat sami ||

35. kumpuling wadananira | anggarêbêg tan pisah ing ngajurit | amung kèri ki tumênggung | kang maksih nitih kuda | sakathahe prajurit [prajuri...]

--- 25 ---

[...t] kawur katawur | kawone Kapitan Bagrak | sakêdhap nulya kapanggih ||

36. prajurit kang sami dharat | Kumpêni Slam Jawa lan jalan kaki | akathah sami têtulung | rame campuh ing yuda | kari kathah wong Bantên abêr prangipun | dadya rèh ulêng-ulêngan | wong Bantên kathah ngêmasi ||

37. kasêmbuh ing praptanira | para mantri kang prang lan Sawunggaling | Sawunggaling wus kaburu | pisah kalawan sultan | sampun têbih kang bêburu sami wangsul | lajêng prang kuwêl-kuwêlan | lan prajurit Pakungwati ||

38. Sultane Tubagus Buwang | nandêr mangsah kumêrap wadyanèki | mangsêg wau ki tumênggung | Kapitan Gôndariya | inggih bapa lah puniku sultanipun | ngangsahakên pamukira | wong salawe sondhèr kuning ||

39. gya Kapitan Gôndariya | undhang dharat sagung para upêsir | apiyak ro barisipun | Sultan Tubagus Buwang | lajêng nêmpuh Kapitan Bagrak acampuh | arame caruk kulewang | Kapitan Bagrak kalindhih ||

40. amubêng palayunira | kaparêgok wau barisirèki | Kapitan Gôndariyèku | lan ki tumênggung nunggal | acêngkulak tinadhahan amukipun | mring Kapitan Gôndariya | arame ukih-ingukih ||

41. rukêt acaruk landhean | ki tumênggung sigra dènnya nulungi | binalik sarêng anêmpuh | ki tumênggung kasingsal | kinaroyok ing dharat sing kèri pungkur | ki tumênggung karepotan | bêdhile tan kobêr muni ||

42. nuju nitih kuda wajar | Ki Tumênggung [Tumêng...]

--- 26 ---

[...gung] Arungbinang mèh kêdhik | baya dèrèng ajalipun | kinaroyok ing mêngsah | mêngsah dharat mila ngèl pinrih ing lampus | kongsi ginêbug sinapan | ki tumênggung kudanèki ||

43. anggiwar angulêr kilan | kancanira mantri samya nulungi | kawur sami katêlanjur | Kapitan Gôndariya | nguwuh-uwuh ing ngriki anak tumênggung | mila dika mor lan mêngsah | ki tumênggung sampun nunggil ||

44. wong Bantên kang sondhèr jênar | jêbul wontên têngah dènira jurit | pisah lawan gustinipun | saking kuwuring aprang | carub awor liru nggon tan wruh ing batur | dragundêr Kapitan Bagrak | palayune wangsul malih ||

45. wau Radèn Kêndhayakan | ingkang ngabên prajurit sondhèr kuning | wontên ing têngah angamuk | ngiwa nêngên solahnya | mobat-mabit Kêndhayakan pamukipun | mêngkap ingkang tinarajang | kanan kering anangkêbi ||

46. arame kinandhang-kandhang | binêdhilan sampun kelangan gusti | sultane apan bêbujung | para Mantri Jawa | kang binujung anikêl palayunipun | samya jêbul malih têngah | angêpung kang dodot kuning ||

47. binêdhilan keri kanan | Kêndhayakan pangamuke mangukih | wong dodot kuning sapuluh | kang sampun sami pêjah | sultanipun lan ki tapa ambêbujung | wong dharat puniku gêlar | jaga palayoning jurit ||

48. Ki Tumênggung ArungbinaArungbinang. | gêndhingipun balithuk mungsuhnèki | prang bingung pating balulung | Rahadèn Kêndhayakan |

--- 27 ---

dangu-dangu wantune wong kinarubut | ing sinapan lan darebas | kêna cêngêle ngêmasi ||

49. tiba saking kudanira | gya rinêbut marang wong dodot kuning | ingêmot turangganipun | binêkta bêdhah ngetan | kang tinêrak samya piyak pijêr jêtung | anon tingkah kang mangkana | wong atusan kèndêl sami ||

50. ngungun miyat solahira | wong limalas sami anggawa jisim | kang katêrak dongong gêtun | baris atusan piyak | pêcah paro wong Bantên palayunipun | wong dodot kuning mangetan | kasmaran kang ngulon sami ||

120. Asmaradana

1. dadya pra samya dèn usir | kang mangulon kang mangetan | prajurit kuda kemawon | kalawan Kapitan Bagrak | malah praptèng Wawala | sultane nulya kapêthuk | katur Radèn Kêndhayakan ||

2. punika ingkang ngêmasi | aprêmpêng mukanira bang | angamuk bela sêdyane | kadangira naking sanak | dadya para mantrinya | gendholi angajak mundur | mêngsah Kumpênine kathah ||

3. Sang Prabu ing Pakungwati | dèrèng kêni ingaturan | kuda siningsêt ambêne | Kapitan Bagrak umiyat | Sultan Tubagus Buwang | sêmune arsa angamuk | barise sigra pinêcah ||

4. pinartêlu ingkang baris | wau ta kang lagi prapta | Pangran Mangkukusumane | dinuta marang kang raka | Pangran Arya Purbaya | ngundurna kang rayi gupuh | yèn kasoran ing ayuda ||

5. kang ngamuk alêbu gêni | adhi

--- 28 ---

suwawi kondura | sarêng wau ing undure | kang ngetan prapta Galendhang | ngawu-awu êlèrnya | Kapitan Bagrak wis nusul | datan purun angungsira ||

6. kang bujung mangilèn sami | Ki Tumênggung Arungbinang | datan wontên prajurite | wong Bantên rêrepot samya | pikulan lan wadonan | anêmên pambujungipun | Ki Tumênggung Arungbinang ||

7. anandêr dènnya nglancangi | wus kaliwat majêng ngetan | wong Bantên menggok mangalèr | nêrak êmbêling talaga | kèndêl tan sagêd polah | têluk asrah darbèkipun | Ki Tumênggung Arungbinang ||

8. gupuh dènira nampèni | kang atos-atos kewala | êmas lawan sêsotyane | lan busana kang prayoga | liyane kang punika | tinampan ing mantrinipun | anglètèr Surawikrama ||

9. tan karuwan cacahnèki | wonge sami inguripan | sami binônda kemawon | praptèng Susup kèndêlira | panggih Kapitan Bagrak | dalu-dalu ngajak laju | mantuk dhatêng ing Ungaran ||

10. ing pukul sawêlas prapti | barisan loji Ungaran | ki tumênggung mariksa ge | angiwa mring pasareyan | kanthong motha ngungkaban | isi êmas sêpuh-sêpuh | graita Ki Arungbinang ||

11. êmas iki têlung kati | sun aturakên sang nata | iya dadi kayaningong | lami tinuduh ngayuda | durung duwe kêkaya | iki parêng bêgjanipun | gustiku sri naranata ||

12. mas wêlulèn tigang kati | kang sami [sa...]

--- 29 ---

[...mi] manjing dandanan | pan inggih sakati manèh | sampun sami rinojodan | manjing mas patang katya | kunêng gantya kang winuwus | kang têtêp baris Ungaran ||

13. Pangran Purbaya winarni | barise nèng Kilènpraga | wontên dhusun ing Kadêmèn | sawetaning Bagawônta | angênthêl manahira | nging balane maksih agung | wontên sèwu kang turôngga ||

14. kalih èwu dharatnèki | mantrinipun taksih kathah | nênêm para tumênggunge | kalamun ginunggung samya | sawarnining gêgaman | kadi langkung kawan èwu | dhasar abêr yudanira ||

15. Sang Aprabu Pakungwati | amakuwon ing Ulakan | lêt patang desa têbihe | gènnya mêtak kang sêntana | Rahadèn Kêndhayakan | Sultan ing Bantên kalangkung | dènira sungkawèng driya ||

16. kèh kalonge kang prajurit | barana kathah kabandhang | tambuh raose galihe | Jêng Sultan Tubagus Buwang | agung wayang-wuyungan | ciptanira kadya nusul | mring Sang Natèng Kabanaran ||

17. kang marang môncanagari | nanging èwêde kang manah | lagya tinuduh ing gawe | bêdhah nagari Toyamas | agung kasoran yuda | nadyan ajur rêmak-rêmpu | tinunggilna sri narendra ||

18. nêngna kang lagya prihatin | wuwusên Kapitan Bagrak | Tumênggung Arungbinange | sami majêng barisira | marang Pagêlèn wetan | baris dhusun ing Sêgaluh | rinakit loji anakan ||

19. prapta bantu saking Têgil |

--- 30 ---

sakawan kang pra dipatya | kawan dasa dragundêre | jalan kakine sawidak | dadya mantêp sadaya | jalan kaki kalih atus | lawan dragundêr sawidak ||

20. langkung agêng ingkang baris | Sêgaluh kadya nagara | dhasar pabarisan gêdhe | nganggo kêbo sapi jaran | jinagan ing Walônda | pinindhoa yudanipun | pinukul Natèng Banaran ||

21. kadi kêsait nadhahi | Ki Tumênggung Arungbinang | wus mari kamadakane | madêg walulon tyasira | dene Pagêlèn ômba | radin wong nêmlikur èwu | ngumpul wus dadi satunggal ||

22. wus kathah kang nungkul prapti | para mantri numbakanyar | tilar Pangran Purbayane | ing Pagêlèn tan winarna | ing barisan Toyamas | ya ta wuwusên ing Kêdhu | Mayor Sakèbêr barisnya ||

23. nèng Tigawanu anênggih | mêrtiga kang baris Sêcang | sira Kapitan Pan dar Pol | ing Têrayêm barisira | Sungrat kalawan Kulman | têtiga bupatinipun | Ki Tumênggung Wiradigda ||

24. lan Tumênggung Rajaniti | Tumênggung Rajamênggala | dene Sêcang Bupatine | Ki Tumênggung Mangkuyuda | Sakèbêr kanthinira | kang abaris Tigawanu | bupati Pasisir samya ||

25. Kêndhal miwah Lèpèntangi | têtindhih Tumênggung Batang | baris ing Kêdhu mêngsahe | Dipati Suryanagara | Pangran Natakusuma | wêwolu para tumênggung | sami wontên Kilènpraga ||

26. Pangran Adiwijayèki | lan Tumênggung Mangkudirja | nabrang angidul barise | karsane angulatana | Sultan [Sulta...]

--- 31 ---

[...n] Tubagus Buwang | miyarsa sor yudanipun | pacak baris nèng Ngulakan ||

27. Têrayêm agung ajurit | lan bala Mangkunagaran | nèng Kali Gondhang barise | Tumênggung Kudanawarsa | lan Sura Mangunjaya | kang baris Sêcang amungsuh | lawan Tumênggung Môndraka ||

28. Singaranu lawan malih | Widigda Jaga Ulatan | ing Tigawanu mungsuhe | Dipati Suryanagara | Pangran Natakusuma | sabên dina aprangipun | bêburon gênti kasoran ||

29. Pangran Mangkunagarèki | baris wontên Pajagalan | pra Mantri Mataram kabèh | ngumpul anèng Pajagalan | iya ingkang pangarsa | Kali Gondhang barisipun | Tumênggung Kudanawarsa ||

30. nanging kêrêp tampi tulis | Pangeran Mangkunagara | saking Idêlèr Hondhorop | sami kintun- kinintunan | ingipuk tur linopa | akathah pisungsungipun | idêlèr lawan pangeran ||

31. idêlèr ngojok-ojoki | Pangeran Mangkunagara | pinrih umadêga katong | kacèk apa lan kang rama | dene prakosaning prang | Kumpêni ingkang têtulung | akathah pangipukira ||

32. pangeran batin kagimir | nanging ajrih kawêntara | mung lagi binatin bae | ing tyas maksih karêkuhan | tarèn Kudanawarsa | sakalangkung datan rêmbug | ing karsa kang sapunika ||

33. manawi datan sayêkti | ngabên-abêni kewala | amrih karusakan kabèh | wong Jawa gêgêmpurana | aja na kawarasan | kèndêl wau karsanipun | Pangeran [Pa...]

--- 32 ---

[...ngeran] Mangkunagara ||

34. tan arsa piningit malih | lumuh yèn kawangurana | lingsêm kawêntar ing akèh | dadya aprentah anglarag | kang baris Kali Gondhang | kinèn angalèra gupuh | Têrayêm pinarpêkana ||

35. dadya lami pacak baris | Pangerane Pajagalan | anyaut Pajang pakolèh | Kêdhu miwah ing Mataram | amung Pagêlèn Têbah | kang botên kêni sinaut | tiwas Pangran Purubaya ||

36. mangkana kawarna malih | Pangran Arya Purubaya | Pangran Mangkukusumane | lan Sultan Tubagus Buwang | badhe angabên kuda | budhal ing Pagêlèn besuk | tan mirsa bantu kèh prapta ||

37. mêdal lèr pangeran kalih | lampahira pinarapat | pra dipati kèri kabèh | pangeran munggèng ing kanan | Sultan Bantên nèng dhadha | ing gêlar nêdya bêbingung | pangeran kalih wus prapta ||

38. ing Sumbêran gènnya baris | pra dipati sangu toya | dènira pacak barise | Pagêlen Lèr kagègèran | mungsuh prapta bêbahak | Sultan Bantên barisipun | têngah dhusun Pamêlaran ||

39. Pangran Adiwijayèki | lan Tumênggung Mangkudirja | nèng Ngulakan sabalane | kang rayi sampun umangkat | pangeran kalih pisan | kang rayi ing Bantên tumut | magut prang Pagêlèn ômba ||

40. Tumênggung Mangkudirjèki | ingkang kinèn anusula | mring Pagêlèn sabalane | Jêng Sultan Tubagus Buwang | kang kinèn ngampingana | budhal kuda tigang atus | Ki Tumênggung Mangkudirja ||

--- 33 ---

41. kawan atus dharatnèki | lampahira sigra-sigra | nèng Pamêlaran wartane | jinujug praptèng Mêlaran | Tumênggung Mangkudirja | lan Sultan Bantên kapangguh | Mangkudirja nèng Mêlaran ||

42. umatur saha wotsari | Ki Tumênggung Mangkudirja | anggèr kawula kinèngkèn | dhatêng raka jêngandika | Pangran Adiwijaya | milane paduka purun | aprang saênggèn-ênggènnya ||

43. nadyan raka tuwan nênggih | Pangran Arya Purubaya | pan inggih dede lêrêse | nguni ingkang kaparcayan | mring Natèng Kabanaran | among paduka pukulun | mung Pangran Adiwijaya ||

44. Sang Prabu ing Pakungwati | alon dènira ngandika | puluh-puluh wus kalakon | iki Kakang Mangkudirja | prajuritku kèh rusak | ya Si Kêndhayakan lampus | aprang anèng ing Wawala ||

45. angling Radèn Pakungwati | Kakang Mas Adiwijaya | ana ing ngêndi samêngko | Ki Tumênggung Mangkudirja | matur wontên Ngulakan | pakuwon tuwan pukulun | ing nggène raka paduka ||

46. angling Prabu Pakungwati | sira nora mêtu lawan | kakang mas Purubayane | nging kasusu lakunira | pan lagi rêp-arêpan | antèkna mêngko yèn uwus | slamêt bubar ing ngayuda ||

47. kunêng wuwusên Kumpêni | kang baris Sagaluh myarsa | wong desa bangêt gègère | Pagêlèn kang lor busêkan | mêngsah sami angrupak | Pangeran Purubaya wus | angancik desa Sumbêran ||

--- 34 ---

48. sampun prapta anèng loji | Ki KumênggungTumênggung. Arungbinang | samêkta sagêgamane | miwah sagung pra dipatya | pasisir wus anggabag | aglar prajuritirèku | Pamalang Barêbês Dêmak ||

49. cinacah wadyèng pasisir | bupati ingkang sakawan | sèwu bêdhil sênapane | kalih èwu kang anumbak | wus sami pirêmbagan | Kapitan Bagrak amuwus | hèh sudara Arungbinang ||

50. ing pundi mêngsah puniki | Ki Tumênggung Arungbinang | anyaosakên têlike | punika têlik kawula | wau dalu duk prapta | Pangeran Purubayèku | sampun ngancik ing Sumbêran ||

51. wontên sèwu kang prajurit | punika prajurit kuda | kathah kang dharat balane | lawan kang rayi kewala | Pangran Mangkukusuma | pangawat têngên puniku | dene pangawate kiwa ||

52. sakawan kang pra dipati | dene kang munggèng ing dhadha | Sultan Bantên sabalane | lawan punggawa satunggal | bêbantu lagi prapta | wingking prapta saking Kêdhu | pun Tumênggung Mangkudirja ||

53. Kapitan Bagrak lingnyaris | kadipundi karsa dika | gih tinata mungsuh mangke | sampun kapiran ing gêlar | kapok duk prang Wawala | wus kaledhon tinggal urus | angèl lan tan antuk wirya ||

54. amung gung dèn uring-uring | mring sudara Arungbinang | Tumênggung Têgil lingnyalon | hèh bênêr puniku tuwan | Tumênggung Arungbinang | kang wruh ing boboting mungsuh | ling Tumênggung Arungbinang ||

55. dika tuwan lawan mami | wontên ing pangawat kiwa |

--- 35 ---

yèn sampun cêlak mungsuhe | gih Pangeran Purubaya | Pangran Mangkukusuma | ywa malang tumolih ngriku | dèn amêlêng ing ngayuda ||

56. para Tumênggung ing Têgil | kapat Barêbês Pêmalang | wontên ing dhadha ênggone | sampun angrawati liyan | Sultan Tubagus Buwang | panêngên ing prang puniku | dene Bapak Gôndariya ||

57. wontêna pangawat keri | mungsuh kapat pra dipatya | ingkang kula kanthèkake | panèwu anumbakanyar | Adhi Jayawikrama | kalawan mantri sapuluh | tigang atus kang turôngga ||

58. dênê pra Dipati Têgil | gêbêngan kula kewala | ingkang kula kanthèkake | mung turôngga kalih dasa | dene pangiridira | pun Martadipa puniku | lawan pun Martadipura ||

59. hèh poma Martadipèki | aja andhingini nabrang | ing kali Joli campuhe | lan aja ngrawati ingwang | dèn mênang yudanira | Kapitan Bagrak amuwus | arak inggih saudara ||

60. para Tumênggung ing Têgil | pênêde angajangana | Sang Pangeran Purbayane | dene kula ngajangana | Sultan Tubagus Buwang | kyai tumênggung marêngut | sarya sru dènira ngucap ||

61. lah tuwan dèrèng mangrêti | kalamun sipat wong Jawa | tikêla sèwu balane | tandhing lan para pangeran | tuwan pan botên makan | wong mungsuh bêndaranipun | pasthi ulap pasthi mêngkap ||

62. Tumênggung Têgal nambungi | kumroyok katiga pisan | tuwan puniku pasthine | beda

--- 36 ---

Tuwan Arungbinang | kang sampun antuk lila | kang duwe dharah puniku | ngur dening sudara dika ||

63. wong pasisir ngiring-iring | maring Kumpêni kewala | bubuhan tuwan kapêngkok | puniku wanine uwas | kèndêl Kapitan Bagrak | wus anut pratikêlipun | mring Tumênggung Arungbinang ||

64. kang pirêmbag sampun dadi | sigra dènira têngara | tambur gumuruh wor bêndhe | kêndhang gong bèri sauran | samakta pra dipatya | anggawa dragundêr satus | lampahe Kapitan Bagrak ||

65. dragundêr sawidak kari | jalan kaki wolung dasa | ingkang kantun Litnan Busèt | wus budhal sagung gêgaman | saking Sagaluh enjang | abra lir pawaka murub | grêgut tan nêdya mundura ||

121. Durma

1. kawuwusa sira Pangeran Purbaya | kalawan ingkang rayi | pacalang tur piksa | yèn mêngsah badhe prapta | pangeran têngara aglis | kumrap kang wadya | nêdya ngantêp ing jurit ||

2. pangawate myang dhadha sami miyarsa | yèn mêngsah andhatêngi | pan amaju tiga | wus sami ingajangan | Pangeran Purubayèki | saking Sumbêran | amèt papan prayogi ||

3. ing Gêrantung dènira anata bala | prajurit kang turanggi | munggèng ngarsa nêbah | dharat kang tinindhihan | Kapitan Bagrak duk prapti | miwah ing wadya | para Tumênggung Têgil ||

4. pangiride pun Kapitan Gôndariya | Kapitan Bagrak aglis | sigra nêmpuh nunjang | Pangeran Purubaya | gagah sakêdhap nadhahi |

--- 37 ---

êdrèl sapisan | kuwur wadyanê ngisis ||

5. kuwur-kuwur pangerane kathèthèran | wau gêgaman Têgil | dupi anêrajang | rame campuh ing yuda | Sang Prabu ing Pakungwati | samya bêk pêjah | kot buta ngowak-awik ||

6. anglawani Ki Tumênggung Mangkudirja | gubêd sawadyanèki | anyabêt ing kanan | nunjang ngilês turôngga | wong Têgal akèh kang kanin | barise bubrah | kuwur akowar-kawir ||

7. pangawate sêmpal ingkang dhadha tadhah | dhokoh ing prang nindhihi | wong Têgal kapragak | punggêl gagal kèh gigal | wadya tumênggungan sami | gagahi tadhah | wong Bantên angêbyuki ||

8. kalih bêlah wong Bantên mangamuk wuta | aran wong Saralathi | wadya tumênggungan | sayah wus karepotan | Kapitan Gôndariyèki | rame prangira | lan kapat pra dipati ||

9. anduk tinuk ukih-ingukih kakahan | mawur ingamuk ngisis | ngamuk yudanira | Kapitan Gôndariya | Kapitan Bagrak angusir | marang pangeran | sumyur tan môngga pulih ||

10. dèn kêkinthil binêdhilan saparannya | Sang Prabu Pakungwati | asru aturira | Tumênggung Mangkudirja | anggèr suwawi gumingsir | ingkang pangawat | wus sêmpal kanan kering ||

11. raka tuwan Pangran Arya Purubaya | palajênge wus têbih | sigra sultan mudha | suwarèng balanira | wong Bantên mundur aririh | Ki Mangkudirja | rumêksa anèng wuri ||

12. Panêmbahan Tapa wus dangu prangira | nindhihi [ni...]

--- 38 ---

[...ndhihi] pra dipati | amor yudanira | mungsuh lan Gôndariya | tan wruh yèn sultan wus têbih | palajêngira | Ki Tapa kang anunggil ||

13. Cakrajaya ngalintêr pangrasanira | gusti durung kajodhi | mila taksih kêkah | Tumênggung Cakrajaya | lan Ki Tapa tarung malih | Kyai Rungbinang | maring kapitan angling ||

14. tuwan wingking punika wontên sanjata | parandene wus têbih | inggih palajêngnya | NgangeranPangeran. Purubaya | miwah Sultan Bantên têbih | dawêg anabrang | sintên puniki jurit ||

15. nabrang ngalèr ki tumênggung lan kapitan | prapta salèring kali | mêngsah ngilèn samya | Ki Tapa gènira prang | maksih majêng ngidul sami | mungsuh Kapitan | Gôndariya jêngnèki ||

16. majêng ngalèr rame Ki Tapa dènnya prang | saking wetan ginitik | mring Kapitan Bagrak | lan Tumênggung Rungbinang | kagum samya gêbyur kali | anunjang mêngsah | Gôndariya nadhahi ||

17. ting kurambang saking pinggir binêdhilan | pati-pati tumbaki | langkung karusakan | Ki Cakrajaya lawan | Ki Tapa rowangirèki | akèh kang pêjah | miwah kang sami kanin ||

18. pan kasaput ing dalu luwar kang aprang | Ki Tapa bêngi-bêngi | taksih talusupan | lêlampah ing padesan | ana baris kèndêl sami | kagyat Ki Tapa | mungsuh panarkanèki ||

19. dangu-dangu anon wong Bantên swaranya | Ki Tapa marêpêki | nyata rowangira | wus manjing pasanggrahan | mung lêlima rowangnèki | datanpa kuda | prapta lajêng anangis ||

--- 39 ---

20. yudanira anindhihi Cakrajaya | mêngsah sarêng malêncing | wong Pagêlèn edan | gêtas têmên ing aprang | tobat tan pantês kinanthi | dawêg amisah | sultan alon nauri ||

21. gih punika Kakang Mas Adiwijaya | nèng Ngulakan inganti | nimbali ing kula | Si Kakang Mangkudirja | milane wau duk jurit | mungsuh wong Têgal | wong Pagêlèn sawiji ||

22. nora nana iya kang mèlu maring wang | mung kang Mangkudirjèki | tunggul yudanira | wong Têgal kèh kabranan | sadalu ngungun ing pikir | wuwusên enjang | budhal angetan sami ||

23. mring Ngulakan prapta panggih lan kang raka | Pangran Diwijayèki | sami rêrangkulan | yayi mas karsaningwang | yèn adhi maksih anunggil | lan raka para | Dhimas Purubayèki ||

24. tanpa wêkas lan dede kang sinêdhahan | mratikêlakên nguni | ênggèh rayi reyang | wêlinge rakanira | sang nata pan amung mami | ngundhagènana | satingkahing ngajurit ||

25. pan puniki wontên kang saguh tumuta | bêdhah Toyamas gampil | kalawan paekan | lawan Si Mangkudirja | ingkang dipun bêbotohi | lan yayi sira | ing prang amratikêli ||

26. nora dene prakosa bêdhah nagara | yèn bênêr pikirnèki | mungsuh tikêl kalah | mêngkono bisa reka | anging kang tinêdha adhi | yèn kalakona | bêdhah Toyamas adhi ||

27. mung wong sèwu ing Pamrêdèn lan ing Banjar | mêngko wus sun lilani |

--- 40 ---

yayi lêstaria | besuk ing karsanira | mêngko Si Suradipèki | wus ingsun pacak | iya nama bupati ||

28. sun arani Tumênggung Suradilaga | rong atus sun sangoni | bumi Gowong iya | rêmbug lan Mangkudirja | iki sagung pra dipati | nèng Kêdhu samya | agung kasoran jurit ||

29. langkung eca tyasira mirêng wacana | Sang Prabu Pakungwati | mingsêr barisira | mring Langon Kilènpraga | Pangran Adiwijayèki | lagya pirêmbag | lan Prabu Pakungwati ||

30. Pangran Purubaya wangsul barisira | marang Pamrêdèn malih | Pagêlèn wus eca | mungsuh wus sami nêbah | kunêng Kêdhu kang winarni | para dipatya | prajurit ing Matawis ||

31. Adipati Suryanagara minôngka | pangirid senapati | kalawan Pangeran | Arya Natakusuma | akathah kang pra dipati | ing sapunika | tinukup ing Kumpêni ||

32. Mayor Pèbêr lan Pandar Pol kang lumampah | Sungrat lan Kulman sami | nanging katadhahan | rame prang nèng Bareka | Pangran Natakusumèki | sêntananira | têtiga kang ngêmasi ||

33. kadangipun Tumênggung Môndraka pêjah | pun Mandadiranèki | miwah prajuritnya | Radèn Suryanagara | kalih pêjah pitu kanin | Kumpêni pêthak | sawêlas kang ngêmasi ||

34. Bugis Bali wontên tigang dasa pêjah | Kumpêninipun trohi | êpur yudanira | pan sami rêmpunira | langkung ramening ngajurit | pambujungira | sagung kang

--- 41 ---

pra dipati ||

35. pangêsuke kongsi mèh prapta ing Sêcang | pabarisan Kumpêni | lajêng pirêmbagan | sagung kang pra dipati | dene wadine Kumpêni | bêbantunira | kang prapti wanti-wanti ||

36. rêmbag sami tur uninga mring Mataram | nênggih ing senapati | Pangran Adipatya | Mangkunagara gènnya | ing Pajagalan Matawis | mangkya gènira | majêng barise malih ||

37. Têgal Bayêm sakidulipun Tangkilan | dadya rêmbage sami | dhatêng ing Mataram | benjang nadyan mêngsaha | saking kidul rêmbag sami | tilar punggawa | nèng Kêdhu mung kêkalih ||

38. Singaranu lan Tumênggung Sindugalba | mantri kang dèn kathahi | mantri kalih dasa | jaga ngriwuk kewala | jêbul kanan jêbul kiri | jêbul ing ngarsa | miwah jêbul ing wuri ||

39. sampun dadya pirêmbag ing dalu budhal | kang nêdya mring Matawis | nênggih Pangran Arya | Natakusuma lawan | Suryanagara Dipati | Tumênggung Mônda- | raka Wiradigdèki ||

40. Ki Tumênggung Jagalatan Pusparana | praptanirèng Matawis | pacak baris samya | nèng Jamus Pakangkungan | ngajêngkên baris Kumpêni | Trayêm pangarsa | Kumpêni duk miyarsi ||

41. nênggih lamun Dipati Suryanagara | lan sakancane sami | marang ing Mataram | Pangran Natakusuma | miwah sagung pra dipati | Kumpêni sigra | lajêng barisirèki ||

42. dhusun Pagondhangan sampun jêng-ajêngan | lan Suryanagarèki | sigratur uninga | ing Pangran Adipatya | Mangkunagara bantoni | Kudanawarsa |

--- 42 ---

wus campuh ing ngajurit ||

43. apan mêksa kasoran kang pra dipatya | gênge baris Kumpêni | pun Kapitan Sungrat | Pandêr Pol lawan Litnan | Kulman Sakèbêr gêdhugi | atur uninga | marang pangeran kalih ||

44. lamun Suryanagara Kudanawarsa | lan sagung pra dipati | tuwin ingkang paman | Pangran Natakusuma | sami kasoran ing jurit | langkung gêngira | inggih baris Kumpêni ||

45. sigra Pangran Dipati Mangkunagara | têngara budhal aglis | arsa anggêcaka | kang baris Pagondhangan | gumrêgut wadyanirèki | ing Jamus prapta | panggih lan pra dipati ||

46. wau Pangran Dipati Mangkunagara | parentah pra dipati | akarya pangawat | paman Suryanagara | Môndraka Wiradigdèki | sira dadia | iya pangawat kering ||

47. Paman Natakusuma Kudanawarsa | têngên kang sira goni | sigra sarêng mangsah | baris Kumpêni mêdal | sigra campuh ing ngajurit | dhadha pangawat | rame bêdhil-binêdhil ||

48. dadya môncanagara kinèn manglawang | têbih ing kanan kering | Tumênggung Kaduwang | Magêtan Jagaraga | Balora lan Pranaragi | ewon turôngga | kang dhadha ngangsêg wani ||

49. ya ta Pangran Dipati Mangkunagara | anyrêgakên prajurit | Kumpêni tumingal | mungsuhê langkung kathah | bubar kang bala Kumpêni | mundur atata | lajêng sinêrot wani ||

50. kuthèthèran Kumpêni palayunira | pondhoke dèn obongi | Pagondhangan sirna | kumpul Tarayêm nulya | Pangran [Pangra...]

--- 43 ---

[...n] Mangkunagarèki | lan pra dipatya | mundur mring Jamus malih ||

51. pêparentah Pangeran Mangkunagara | mring sagung pra dipati | padha ngrêriwuka | sakiwa têngênira | kang parêk baris Kumpêni | rusakên padha | dimèn aja kuwawi ||

52. anguluri iya ingoning Walônda | sandika pra dipati | Pangeran Dipatya | Mangkunagara budhal | wangsul Têgal Bayêm malih | prapta anulya | kang paman dèn aturi ||

53. Pangran Adiwijaya Nglangon barisnya | lan Prabu Pakungwati | lagya pirêmbagan | Tumênggung Mangkudirja | miwah ki tumênggung malih | Suradilaga | ingkang kinon rumiyin ||

54. angumpulna kang prajurit tata-tata | yèn wus samêkta sami | nuli utusana | iya bocah sausap | sun budhal lawan si adhi | kalih punggawa | budhalira dhingini ||

55. nulya prapta dutane wau kang putra | kang rama dèn aturi | sukur lamun lêga | malah kang ingaturan | Sang Prabu ing Pakungwati | nanging tan lêga | èwêd manawi salin ||

56. kang pinikir sampun kênyang pikirira | mukul Banyumas malih | dadya mung kang raka | Pangran Adiwijaya | ing Têgal Bayêm wus prapti | panggih kang putra | kang putra angujungi ||

57. wusnya tata dènnya sami lêlênggahan | kang ngadhêp dèn tundhungi | mung pangulunira | lawan Kudanawarsa | kang kinon angadhêp sami | sigra pangeran | lahir sarkaranèki ||

--- 44 ---

85. Pangeran Mangkunagara rêraosan badhe malik tingal mêngsah ingkang rama Sunan Kabanaran, Pangeran Adiwijaya kapupuh ing prang

122. Dhandhanggula

1. matarèkakên ing paman nênggih | Pangran Dipati Mangkunagara | malik ing tingal karsane | mungsuhi rama prabu | rêbut bêja ing Tanah Jawi | Pangran Adiwijaya | wau duk angrungu | sidhakêp astapirrolah | pikir apa iya kang mangkene iki | dene liwat lêngkara ||

2. nora patut babo anak mami | pan dhèwèke kawilang prawira | kalok ing jagat wiryane | ing aprang sudibyanung | yèn jêbula pikir nyêkuthil | kalok rêbut cokotan | saru yèn rinungu | duraka wani wong tuwa | nadyan padha wong tuwa ramanirèki | kang sumare Nglaweyan ||

3. durung gawe bêcik mring sirèki | iki iya padha ramanira | mring sira akèh bêcike | wus kêrêp atêtulung | lamun sira kasoran jurit | kinukup dinan-dinan | lamun sira rêmpu | ingulih-ulih kang lawan | ingulihkên malih mring bawahirèki | pinikul ingawakan ||

4. dèn andhêmi praptèng baya pati | babo nyawa apa walêsira | wong tuwamu apan akèh | dene mung siji iku | kang anyakup ing baya pati | kang putralon aturnya |

--- 45 ---

paman kang puniku | sami ugi lan kawula | yèn kinarya manggala inggih ngandhêmi | rêmak dipun bandhêmna ||

5. ujêr rayi sampeyan pribadi | kêsangêtên anggêga pun Rôngga | kang tinut sapanggawene | kang paman asru muwus | reyang iki durung mênangi | kalamun Adhi Rôngga | duwê atur dudu | wus lawas reyang kêkancan | aja sira anggêp atur tan sayêkti | wong ala amrih bubrah ||

6. kang kelangan mung sira pribadi | iya lamun lawan pamanira | ing tanah Jawa rusake | karana roro iku | kang têtela bisa nglakoni | amikul tanah Jawa | karsane Hyang Agung | dene kang akèh kang padha | adhêdhumpil amèt waris ing sirèki | lan maring rama para ||

7. pituture anglir toya mili | Pangran Adiwijaya mring putra | Pangran Mangkunagarane | kang putra sêmunipun | datan keguh saengga wukir | kêna angin ukuran | tan môntra ing sêmu | yèn labêt kênèng maruta | dadya buntu Pangran Adiwijayèki | lir kanin kêna gotra ||

8. kadang lawan kaponakan sami | tyasnya kadi kasêsêlan arga | nênggak kumêmbêng waspane | tan pamit unduripun | lajêng budhal sawadyanèki | Pangran Adiwijaya | karsane anusul | mring kang rayi ing Sêmaya | angantosi Sang Rajèng Mangkarawati | Pangran Mangkunagara ||

9. panyanane kang paman duk mijil | mundur marang pakuwon kewala | tan dipe lajêng budhale | wadya kinèn anusul | Jagalatan [Jagala...]

--- 46 ---

[...tan] ingkang tinuding | lampahe sêsandêran | nèng marga kasusul | umatur Jagaulatan | kathah-kathah pangandikanira aris | Pangran Adiwijaya ||

10. Jagalatan umatura aglis | iya marang ing bêndaranira | lamun mêngkono karsane | ingsun tan bisa ngrungu | ngur adoha wak ingsun iki | nora kagawa-gawa | iya ta lor kidul | Pangeran Adiwijaya | datan kêni ingaturan wangsul malih | lajêng sabalanira ||

11. Jagalatan datan antuk kardi | ingkang paman tan purun wangsula | wus alajêng sabalane | ingkang rayi kasusul | Sang Aprabu ing Pakungwati | nèng dhusun Pagadhingan | dènira kasusul | sami lajêng lampahira | marang Gowong anungkak punggawa kalih | kang kinon kumpul bala ||

12. Ki Tumênggung Mangkudirja nênggih | lawan Tumênggung Suradilaga | wau wong agung kalihe | kèndêl ing lampahipun | Kaliabu sawadyanèki | pan lajêng masanggrahan | wadya sami cucul | tan atêbih unggyanira | Sultan Bantên lan kang raka mung lêt kêdhik | satêngah dhusun Wangan ||

13. salèr Wangan kang dèn pasanggrahi | wau Pangeran Adiwijaya | Sultan Bantên ing kidule | Pangran Diwijayèku | lajêng siram dhatêng ing kali | lèpèn agêng lèr desa | ing jêjurang punthuk | margi saking lèr punika | kawuwusa bala Kumpêni sakenjing | lêlampah pan anglarag ||

14. Singaranu kang dèn pêparani | nanging amung manggihi sakêdhap | angical Singaranune | Kumpêni nêdya wangsul |

--- 47 ---

Litnan Kulman ingkang nindhihi | dragundêr tigang dasa | Bugis Balinipun | sadaya mung kalih bêlah | wonge Jawa kalih atus winitawis | mantrine mung lêlima ||

15. Kumpêni Slam Kapitan Tan Trohi | anèng marga Mênorèh kapanggya | kaki-kaki saking kilèn | ngênthir palayunipun | dèn adhangi mring para mantri | kaki sira mandhêga | pagene lumayu | kaki tuwa saurira | Kaliabu kula puniki angili | wisma kula kêbrokan ||

16. ing Pangeran Adiwijayèki | inggih prapta saking wetan lawan | Sultan ing Bantên sarênge | upsir pra samya ngrubung | apa akèh bature kaki | ature botên kathah | wontên tigang atus | balanipun kang akathah | wontên Gorong Sultan lan Kapitan Trohi | ambêrêg pinurugan ||

17. nanging dhêdhêp sampun ta katawis | nadyan mukula tambur yèn cêlak | yèn sampun katon mungsuhe | sigra ngilèn wadyagung | pan adhêdhêp lampahirèki | wontên gandhèk satunggal | magang têgêsipun | gêng inggil Walandinira | ingkang nêmên anèng ing ngarsa pribadi | lampahira gya prapta ||

18. dhun-udhunan gok-enggokan margi | katon anjirap wong angon jaran | Kumpêni anambur age | umyung surak gumuruh | dragundêre garudug bêdhil | gègère abusêkan | kuwur-kuwur kawur | pangeran kasusu mêntas | reyab-reyab lan Bok Ajêng Gôndasari | Kumpêni tan uninga ||

19. ngawur bae [ba...]

--- 48 ---

[...e] dènnya ambêdhili | sipat katon dèn bêdhil kewala | gamêle amapagake | pangeran kudanipun | risaksana sampun anitih | mundhut waos tan ana | wurung arsa ngamuk | arsa nandêrakên kuda | sêliripun anjêlèh Bok Gôndasari | sambat-sambat Pangeran ||

20. Litnan Kulman lan Kadhèt miyarsi | Walônda magang anarik pêdhang | sinogok jôngga iringe | yèn angarsakna laju | kadi botên dipun tututi | pijêr akuthikiran | nganti sêliripun | arsa ginoncèngkên kuda | sigra kadhèt lan tambur sami mêdhangi | sayah pangeran rêbah ||

21. prapta Tulung Rajèng Pakungwati | nêmpuh angamuk kuda sadaya | wontên salawe dharate | anunjang ngamuk punggung | tinadhahan Kapitan Trohi | wantu sampun kapapan | ngamuk tan pakantuk | prajurite mati papat | Sultan Bantên undure dipun bêdhili | nyênggrang mring kidul desa ||

22. sakin kathah prajuritirèki | wontên sèkêt kang sampun samêkta | amor Sultan Bantên age | tambur banderanipun | Sultan Bantên ingkang nindhihi | nging maksa katadhahan | kèri tatanipun | Walandi Kadhèt kang magang | ingkang mocok utamangganing ngajurit | Pangran Adiwijaya ||

23. lajêng bubar kang bala Kumpêni | nuju mayor saking Sêcang prapta | mring Tarayêm sabalane | Litnan Kulman kasusu | dèn kêkinthil marang kang abdi | Pangran Adiwijaya | lan kang rayi wau | pan Sultan Tubagus Buwang | kêdah ngamuk angrêbat [angrê...]

--- 49 ---

[...bat] datan pakolih | kêdhik sampun kapapan ||

24. sapraptane sabrangan Pêragi | kang nututi wus wangsul sadaya | Sultan Tubagus Buwange | Kulman lan Trohi sampun | lampahira Tarayêm prapti | katur satingkahira | duk wau prangipun | lan Pangran Adiwijaya | anèng Kaliabu kapupu ing jurit | lawan sêlir kabandhang ||

25. Mayor Pèbêr undhang pra dipati | sami prapta tumênggung sadaya | Tumênggung Wiradigdane | myang Surajênggalèku | miwah wau Ki Rajaniti | mustika munggèng talam | wontên ing bêbangku | sami kinon mariksaa | punapinggih antuke Kulman puniki | Pangran Adiwijaya ||

26. rurub sinjang pêthak dèn ungkabi | sarêng jêtung barêbês waspanya | Tumênggung Wiradigdane | sarwi asênggruk-sênggruk | duk tumingal Ki Rajaniti | miwah Malangnagara | Surajênggalèku | pra dipati pan sadaya | rawat waspa asêrêt saurirèki | inggih yêktos pangeran ||

27. Mayor Pèbêr sigra mundhut mantri | kintun sêrat marang ing Samarang | dragundêr rolas lampahe | lawan mantri pêpitu | kuda sèkêt ingkang lumaris | angatêr lampahira | mustikanirèku | praptane nagri Samarang | wus tinampan tinulak dutanirèki | mantuk bêkta parentah ||

28. gya Sakèbêr carakaning manggil | Kapitan Bagrak lan Arungbinang | kang abaris ing Pagêlèn | sami prapta ing Kêdhu | duta saking Samarang prapti | lamun ta Litnan Kulman | puniku jinunjung | nênggih anama kapitan | lawan kadhèt [ka...]

--- 50 ---

[...dhèt] Walandi magang kinardi | kurnèt sami sakala ||

29. Kumpêninira Kapitan Trohi | koprale sami minggah Sareyan | Sareyan minggah Alpèrès | pawarta wus misuwur | Adipati Suryanagari | angaturi uninga | lamun sedanipun | Pangeran Adiwijaya | prang ing Kaliabu kapupu ing jurit | carakanira prapta ||

30. mring Pangeran Mangkunagarèki | duk miyarsa sigra atêngara | samêkta budhal barise | majêng awor panganjur | ing Tarayêm arsa anggitik | nanging kathah kang malang | pangran langkung bêndu | kapupune ingkang paman | lir taksaka molah pinidak kang pêthit | dene kang pra dipatya ||

31. milanipun samya dèn aturi | ing Tarayêm samya pakumpulan | Kapitan Bagrak Pagêlèn | lan Arungbinangipun | lan akathah bêkta prajurit | dadya wau Pangeran | Mangkunagarèku | parentah ngalèncèrana | mring Tarayêm Suryanagara Dipati | pangiriding gêgaman ||

32. ing Tarayêm samya ngati-ati | mungsuh katingal ewon kudanya | sami malawat lampahe | wau ta kang winuwus | Pangran Arya Purubayèki | miyarsa yèn kang raka | ing aprang kasambut | langkung sungkawèng wardaya | sêdhih kingkin barise wus mundur malih | marang wetan Paraga ||

--- 51 ---

86. Prajurit Sukawati campuh kalihan prajurit Surabaya

33. wus sarêmbag dènnya karya tulis | Pangran Dipati Mangkunagara | atur uninga badhene | mring kang rama sang prabu | ingkang wontên môncanagari | Mantri Suryanagaran | sakawan tinuduh | kunêng malih kawuwusa | ingkang lagya angradin môncanagari | Sang Natèng Kabanaran ||

34. sampun tumindak sri narapati | èstu nêdhaki mring Surapringga | mêdal ing Jipang badhene | inggih sakidulipun | Pandhan Toya kang dèn margèni | dènira masanggrahan | anèng Pandhan Banyu | margi èwêd môngsa jawah | mila rubêd ing lampah rêmbên sayêkti | anèng ing tanah Jipang ||

35. dutanira Pangran Singasari | prapta ngaturkên pranakan Jipang | anak putu Mataune | têtiga ingkang sêpuh | Natapura lan Kartasari | katiga Jayèngrana | ing saaturipun | apan sampun tinarima | pinarapat ing Jipang ingkang nyêpuhi | Tumênggung Natapura ||

36. wolung èwu ing Jipang nagari | Natapura ingkang dadi tuwa | lungguh patang èwu dhewe | kêkalih arinipun | Jayèngrana lan Kartasari | sami angalih bêlah | ngalih bêlah èwu | sèwu pinundhut sang nata | salamine dadya Tumênggung amiji | pun Suradimênggala ||

37. duk maksihe anèng Sukawati | pun Tumênggung Suradimênggala | sampun dadi

--- 52 ---

punggawane | dene kang pitung èwu | tinanêman punggawa katri | sami sakadangira | anak ing Mataun | Bupati ingkang têtiga | pinaringkên dhatêng ingkang rayi kalih | Pangeran Singasêkar ||

38. anèng Tuban Pangran Singasari | mila datan asowan kang raka | dènnya andina prang rame | lan Tumênggung Sadayu | mungsuh malih Petor Garêsik | ing Lasêm ing Lamongan | kang sampun anungkul | wus akathah balanira | miwah sagung pocotan mantri pasisir | suwita ing pangeran ||

39. ing nalika wontên Pandhan Warih | nênggih wau kapatèn punggawa | Pangran Mangkudipurane | Bupati ing Madiun | sri narendra gupuh nêdhaki | marang pakuwonira | Pangeran Madiun | kalangkung pangungunira | ingantukkên pinêtak Madiun nunggil | ing kaki buyut canggah ||

40. ya ta wau parentah sang aji | marang Dipati Wiranagara | kinon dhingini budhale | saking ing Pandhan Banyu | ngidul ngetan lampahirèki | anjog ing Wirasaba | wong Jipang katuduh | mantri sakawan wangsula | yèn wus nabrang kang anjog Wirasabèki | budhal sawadyanira ||

41. lan Dipati Cêbolang tinuding | wadya pangarsa sabalanira | mungsuh wus cêlak ênggone | prajurit Surèngkewuh | ingkang sami atêngga tamping | wontên dhusun ing Tambar | dêdamêle sèwu | nging mantri desa kewala | pacak baris Kandhuruhan Kêbo Lêngkir | kang baris anèng Tambar ||

42. nata budhal saking Pandhan Warih | Dêmang Sukawati kang sadasa | nênggih [nêng...]

--- 53 ---

[...gih] satus kapalane | winor punggawa ngayun | akanthia wong Surawèsthi | Dêmang Gonggang Galungan | lan Soka Jêngkilung | Tambak Tanewung kalawan | Dêmang Mungkung Rajêg Wêsi Gondhang Rawing | tate angrusak jagang ||

43. saking Pandhan Banyu mung sawêngi | masanggrahan Natèng Kabanaran | nuntên abudhal enjinge | panganjur wus acampuh | lan prajurit ing Surawèsthi | wanci pukul sawêlas | para dêmang muwus | marang Dipati Cêbolang | ki dipati prajurit ing Surawèsthi | sampun wontên ing ngarsa ||

44. sami sampeyan kèn wontên wingking | campuh ing prang suraka kewala | Dipati Cêbolang linge | Kakang Soka Jêngkilung | miwah bapa ing Gondhangrawing | kula kang botên tega | bilih boting mungsuh | adate wong Surabaya | para dêmang sadaya sami nauri | sanadyan makatêna ||

45. ki dipati sampun walanggalih | apan sampun padamêlan kula | Cêbolang asru wuwuse | bêdhile têlung atus | Kandhuruhan ing Kêbo LêngkiLêngkir. | angling kang para dêmang | nadyan bêdhil sèwu | saksana barise mapag | Ki Cêbolang balane ngêtêbi wuri | mungsuh wawas-winawas ||

46. para dêmang atêngara bèri | lajêng kukuk sami nabêt kuda | nandêrpati panêmpuhe | binêdhilan gumrudug | maksih nêmpuh ngilês turanggi | kagum wong Surabaya | bubar kawur-kawur | malêdug kathah kang pêjah | sami ngungun Cêbolang prajuritnya ngling | mangkene tangkêpnya prang ||

47. tan angrasa

--- 54 ---

mungsuh manungsèki | kaya amungsuh sato kewala | bêrêg kidang manjangane | sami suka gumuyu | Kandhuruhan ing Kêbo Lêngkir | kature kang kacandhak | mati kang pêpitu | bature gêrus agiras | arsa ngêsuk para Dêmang Sukawati | nging Dipati Cêbolang ||

48. kèndêla sampun angusir malih | apan èwêd ing ngajêng punika | awit arupak papane | mung ngriki kang apatut | kang dadosa panggenan baris | pasanggrahan sang nata | amukti wadyagung | kèndêl ngaturi wuninga | wadya Surabaya wus sami angrakit | kang badhe masanggrahan ||

49. wismèng dêmang dhusun agêng asri | kali ngubêngi wisma atusan | sami joge gêdhe-gêdhe | sadaya wismanipun | Dêmang Gêbyog pagêre bumi | kang jaga sêsaosan | pasanggrahan prabu | sarawuhira sang nata | saha bala ing Tambar dèn pakuwoni | sagung kang paman ngarsa ||

50. atur sirah pêpitu kang kêni | Ki Dipati Cêbolang ngandikan | tinanggap ing saature | Cêbolang paran mau | bocah ngarêp dènira jurit | Cêbolang matur nêmbah | pan sampun gumuyu | pukulun abdi paduka | ngeramakên Jangrana aturirèki | kadya ambêrêg sangsam ||

51. datan môntra mêngsah manungsèki | kadya amêngsah sato kewala | tan wontên mutawatire | sami suka gumuyu | ingkang wontên ngarsa narpati | sang nata angandika | wus watêke iku | yèn amungsuh padha Jawa | pangrasane kaya andulu cêcindhil | lir anggitik [anggi...]

--- 55 ---

[...tik] kaluwak ||

123. PocungTeks asli: Pucung.

1. sang aprabu alon pangandikanipun | iya kari pira | kutha ing Surabayèki | inggih kantun sadalu margi kewala ||

2. langkung gugup caraka kadi sêsulung | kang maring Samarang | nêdha bantu ing ngajurit | Mangkubumi dhêsak nagri Surabaya ||

87. Sunan Kabanaran botên èstu anggêcak Surabaya, awit saking pambujukipun Adipati Madura

3. ya ta wau langkung sungkawa gupêrnur | cipta katiwasan | yèn bêdhaha Surawèsthi | nora wurung pasisir kerut sadaya ||

4. sakèhipun loji-loji sadaya wus | kinon urunana | bêbantu mring Surawèsthi | kasor-kasor kang sami têngga dagangan ||

5. kêna urun bantu mring Surabayèku | mandar Bandar Banjar | Sumênêp Sambawa prapti | sami tugur ing nagari Surabaya ||

6. kumpulipun Kumpênine putih sèwu | Bali Bugisira | kalih èwu bêcik-bêcik | Madurane kang tugur langkung salêksa ||

7. kriganipun wong Sumênêp tigang èwu | dêlèr wus putusan | mrasanak mring Rajèng Bali | pan atumbas prajurit di tigang lêksa ||

8. panêdhane mung antuka kalih èwu | ingkang pêpilihan | tugur ing Surabayèki |

--- 56 ---

Panêmbahan Cakraningrat kang kinarya ||

9. tindhihipun senapati ing prang pupuh | langkung pinasrahan | parentahe bala Bali | Cakraningrat ing tyas angguguk kewala ||

10. badhenipun wus rêmbagan pra tumênggung | nênggih Surabaya | ingkang jaga ambeyani | angangsahna ing layange kamandaka ||

11. wantu-wantu idêlèr dènnya kêkintun | marang panêmbahan | linoma pangrasanèki | nanging guguk lair batin panêmbahan ||

12. wus sarêmbag pra Tumênggung Surèngkewuh | ing sakarsanira | panêmbahan tan gumingsir | anyaosi prabeyaning kamandaka ||

13. rêyalipun kewala kang patang èwu | cindhe satus kêmbar | ingkang warni sinjang kêling | lan sangkêlat sadaya pan tigang jodhang ||

14. waosipun talêmpak landheyan wrêgu | sadaya nêm bêlas | balongsong mas sopalnèki | anyatail mase sami tuwa-tuwa ||

15. malihipun talêmpak landheyanipun | pèlèt katimaha | wêwolu êmas kang manjing | nigang reyal mas rêgi bèh ro sadaya ||

16. pistulipun ingkang sêdhêng patang puluh | alus patang pasang | sinarasahan rêspati | paidon mas kacu mas lopak-lopak mas ||

17. kudanipun sakêmbaran kore dhawuk | kathah cinatura | atur-ature kêkirim | kang sinarêng lawan sêrat kamandaka ||

18. dutanipun kêkalih wong Surèngkewuh | Madura satunggal | andêl pun Kuda Prang Langit | sigra mangkat mring Tambar katri [ka...]

--- 57 ---

[...tri] caraka ||

19. munggèng ngayun bêras kêbo miwah lêmbu | gêbiri kang menda | pasanganane tan kari | saisine Madura lan Surabaya ||

20. praptanipun Mas Rôngga ingkang jinujug | caraka turira | kula dutane kang rayi | Cakraningrat lan caraka Surapringga ||

21. ya ta gupuh duta ingirid lumêbu | gêgawane aglar | akathah awarni-warni | angêbêki jawi regol pasanggrahan ||

22. canthèl atur Mas Rôngga ngandikan mlêbu | praptèng ngarsa nata | Mas Rôngga matur wotsari | dutanipun rayi dalêm ing Madura ||

23. kanthinipun kalih duta Surèngkewuh | carakèng Madura | nama pun Kuda Prang Langit | Surapringga pun Ngabèi Suradirja ||

24. malihipun pun Dêmang Sirnatayèku | sang nata ngandika | iya timbalana aglis | Rôngga mêdal lêbête ngirid caraka ||

25. praptanipun ing ngarsanira sang prabu | carakèng Madura | sigra pun Kuda Prang Langit | sèlèh dhuwung mangsah ngaras padèng nata ||

26. sru gumuyu sang nata têtanya arum | sira kaslamêtan | wong iki kaping pat iki | Si Prang Langit bae sok ingkang dinuta ||

27. unduripun tan sinung doh lungguhipun | ngaturakên surat | tinampan ngandika aris | hèh Prang Langit iki apa nganggo gêmak ||

28. katon têmên Prang Langit gustimu iku | sabên akongkonan | nèng alas têngahing jurit | nora lali anjaluki kêkiriman ||

29. nêmbah matur Prang Langit [Langi...]

--- 58 ---

[...t] sarwi gumuyu | pukulun narendra | môngsa wandêa gih pasthi | panuwune paksi ing jêng padukèndra ||

30. sêratipun binuka sinukmèng kalbu | tur sêmbah kawula | katura ing padukaji | rayi dalêm pun Adipati Madura ||

31. kula nuwun ing karsa tuwan pukulun | têdhak wontên Tambar | arsa gêcak Surawèsthi | lah ta inggih pakantukipun punapa ||

32. pan pukulun kawêca prajurit punjul | tilara ungkara | ing krama angêbur niti | sakalangkung inggih pangowêl kawula ||

33. inggih lamun paduka prang tambung laku | apan jêng paduka | karsa ngradin tanah Jawi | atêtulung dhatêng ing manungsa Jawa ||

34. arsa gêpuk suku nagri Surèngkewuh | wadhuking Samarang | sirah nagri ing Batawi | langkung nistha prang kawit pêthit ginêcak ||

35. sakalangkung kanisthan dalêm pukulun | lamun makatêna | paduka kalok ing bumi | yèn prajurit sudibya tumamèng laga ||

36. lêrêsipun anggitika sirah wadhuk | Batawi Sêmarang | pan tiyang Jawi puniki | pra dipati taksih sami ngingu sadat ||

37. pasthinipun sadaya angayun-ayun | têrus kabatinan | mujèkakên padukaji | tinulusna dening Hyang Lata wal Ujwa ||

38. wuwuhipun ing kaprajuritanipun | mugi ta sagêda | têtulung sêdhihing dasih | prihatine wadya pasisir sadaya ||

39. lah pukulun puniku pamujinipun | kang abdi sadaya | gêdhe cilik wong pasisir | kang mangkono munduran arsa ginêcak ||

--- 59 ---

40. sampun nungkul batin cipta kang satuhu | pamujining wadya | wajib paduka lawani | lèn tulusa ambêk umbul-umbul Kur'an ||

41. tuwan rêmpu kalongan kelangan tuhu | lair batin tuna | buwang pamujining dasih | sapasisir padha lan wali wolulas ||

42. yèn pukulun anêtêpi kang satuhu | ambêdhah Samarang | bêdhah bêcik nora bêcik | sok sampun ta pêdhot ing niyat kewala ||

43. sang aprabu duk miyarsa unjukipun | kang rayi Madura | kang kawrat sajroning tulis | langkung lêrês kautaman kaluhuran ||

44. suratipun kang munggèng wêkasanipun | nuwun kintun gêmak | lan angaturkên kang bêkti | prasêtyane pun Tumênggung Surabaya ||

45. kalihipun punika kang atur-atur | kados botên kirang | saking salêksa pangaji | kadya paran yèn tuwan nutugna karsa ||

46. abdi sampun mêdal katêmênanipun | lamun rinisaka | ing tingkah ngudubilahi | botên arus pinanggih ing dalil kiyas ||

47. sampun lêsu niyat ilang sêrêngipun | lingsêm binanjurna | mèh dudu darahing aji | wong anêrak marang ujar kabêcikan ||

48. mung sadalu duta sinungan wêwangsul | pinangadêg samya | miwah kris sami pinaring | enjing pamit mantuk dutèng Surapringga ||

49. pêndhakipun enjing nimbali wadyagung | Dipati Cêbolang | lan sagung kang pra dipati | ing bang wetan dinangu sudaning udan ||

50. ing puniku rina wêngi jawahipun | nuju wulanira | Mulud êje tahunèki | aturipun [atur...]

--- 60 ---

[...ipun] pun Adipati Cêbolang ||

51. inggih nuwun tangèh kantun kawan tèngsu | kados wulan Arwah | punika ngarang-arangi | yèn punika èstu tan kenging tinêrak ||

52. sang aprabu alon pangandikanipun | yèn mêngkono apa | iya enak dèn unduri | mangkenea karya musakating bala ||

53. pakalindhuh akèh têmên kuda lampus | Dipati Cêbolang | tuwan ngarsakna ngèndêli | kang prayogi ing Madiun Pranagara ||

54. liyanipun nagari botên kacakup | lah iya Cêbolang | mung roro iku kang sait | kang kanggonan saking gunging wadyaningwang ||

55. rêmbagipun sampun dadi unduripun | dhatêng Pranaraga | nèng Tambar wus kalih sasi | dèrèng wontên mêndhane andina udan ||

56. milanipun punggawa sami turipun | ngaturi mundura | dhatêng Pranaraga malih | nanging sami ngundhang siyaga kewala ||

88. Tumenggung Suradimenggala ing Jipang ambeka nyuwun dipun indhaki sabinipun. Sunan Kabanaran duka. Kyai Tumenggung kapatrapan ukum pejah

57. pan kasaru wontên sêmpalan sinêndhu | punggawa satunggal | amanggih sêrik ing galih | ngandêlakên wong lawas bangêt sisipnya ||

58. Ki Tumênggung Jipang nênggih namanipun | Suradimênggala |

--- 61 ---

salamine muring-muring | lêlungguhe têka kèh kang lagi têka ||

59. laminipun Tumênggung Natapurèku | sakadange ika | ingkang dadi mungsuh sami | mêngko têluk têka antuk sawah kathah ||

60. jamakipun akèha sawahe ingsun | dadya aputusan | mring ratu ibu narpati | nuwun tulung umatur mring putra nata ||

61. sabinipun Natapura kawan èwu | sèwu kang dèn longa | wuwuha lungguhirèki | rong èwu Tumênggung Suradimênggala ||

62. ya ta wau nênggih kangjêng ratu ibu | kacangkol tyasira | dene ingkang abdi lami | padha-padha punggawa milu bêbakal ||

63. Ki Tumênggung Suradimênggala iku | abagus agagah | tur prawira ing ngajurit | dadya dhangan Ratu Ibu karya surat ||

64. suratipun kang katur ing putra prabu | nuwunakên lênggah | wuwuha lalênggahnèki | rong èwu Tumênggung Suradimênggala ||

65. suratipun lumaksana kangjêng ratu | sapraptaning Tambar | surat katur ing narpati | saking ibu wus tinampan tinupiksa ||

66. têmbungipun kang ibu ngaturi pemut | abdine kang lawas | punggawa tanapi mantri | sampun kongsi inggih nandhang kasusahan ||

67. pun Tumênggung Suradimênggala iku | bênêr panyuwunnya | awuwuha sèwu malih | dèn longêna lêlungguhe Natapura ||

68. prandenipun isih kantun tigang èwu | gih pun Natapura | sang nata dèn èngêt ugi | inggih pun Tumênggung Suradimênggala ||

--- 62 ---

69. pra tumênggung sami cablèk-cablèk lêmut | yèn darbe panêdha | sapatute dèn turuti | sampun kongsi ing tyas manggih kasusahan ||

70. sawusipun maos srat sang nata jêtung | nimbali Mas Rôngga | lawan Kaji Tapsirudin | katigane Kyai Ngabèi Dul Jalal ||

71. katiga wus prapta ngarsanira prabu | Mas Rôngga nguncalan | sêrat winaos tumuli | wusnya têlas Mas Rôngga anênggak waspa ||

72. kang cinipta tiwasing sariranipun | pisahe kalawan | Jadirja Suryanagari | ing sabarang prakara tan bisa ngangkat ||

73. suratipun lajêng sinungakên wau | Ngabèi Dul Jalal | lawan Kaji Tapsirudin | pan winaos sang nata asru ngandika ||

74. lah ta iku pikire wong apa iku | nora rêrêmbugan | Rôngga kalawan sirèki | apa dene têtarènan mring wong tuwa ||

75. bênêripun sun nyêdhakkên wong tuwèku | ya Si Ngabdul Jalal | iku lungsuran bupati | Ki Tumênggung Wirasastra Nagri Dêmak ||

76. yêkti patut dèn saba anjaluk tutur | barkate wong tuwa | kacèk wêwekane pasthi | wêruh marang alang ujure prakara ||

77. kaya iku anjaluk wuwuhe lungguh | nagara ing Jipang | tanpa mata tanpa kuping | apa uwis rata kabèh tanah Jawa ||

78. dênê besuk yèn wus bêdhah Surèngkewuh | iya kêna uga | duwe panjaluk ngarani | ing samêngko sayêktine dudu beka ||

79. apan iku dudu wit ing karsaningsun |

--- 63 ---

Adhi Singasêkar | panuwune marang mami | aprakara iya prakara ing Jipang ||

80. nyaosakên paranakaning Mataun | ginawe dandanan | iku karêpe si adhi | ujar bênêr ya sun turut kewala ||Kurang satu suku kata: ujar bênêr ya sun turuti kewala.

81. dênê besuk yèn tiwasa karsaningsun | abêr ing ngayuda | yêkti sun pundhut pribadi | sun salini êndi kang bêcik karyanya ||

82. pasthi kono panggonan panjunjungingsun | ing mêngko kaya pa | lagi arungan ing kardi | apan uwis wong sèwu miji maringwang ||

83. iku ingsun ya uwis nama sêkuthu | pan nagari Jipang | sun srahakên mring si adhi | lagi ingsun pacak manggalaning aprang ||

84. sun paringi pawitan ing Jipang iku | sun long sèwu iya | lungguhe sangunirèki | dhèwèke Tumênggung Suradimênggala ||

85. lamun iku kurang upacaranipun | kaprabon punggawa | kurange busananèki | nênuwuna mring ibu iya prayoga ||

86. jaluk lungguh ing nagara Jipang iku | iku tan kagungan | ingkang duwe iya mami | lagi ewuh ing mêngko nagara Jipang ||

87. kang sun tuduh kasenapatèn prang pupuh | Dhimas Singasêkar | ing Jipang dadi wêwinih | wiwitaning mêmangun asmarèng laga ||

124. Asmaradana

1. sang nata ngandika malih | marang Ngabèi Dul Jalal | hèh Dul Jalal paran kuwe | paukumane ambeka | ngêruwêdi prakara | ingkang kaya si tumênggung | iya Suradimênggala ||

2. Ki Ngabdul Jalal wotsari | pukulun [pu...]

--- 64 ---

[...kulun] sumanggèng karsa | yèn katrapa ing lêpate | sawêg sapisan punika | kenging ugi ngantosan | campur pênêd pun tumênggung | nênggih Suradimênggala ||

3. yèn kapuntêna utami | iya padha tuturana | dènnya abangêt lupute | aja mindhoni prakara | kang nora kabênêran | sang nata nimbali jagul | ing pawon kalih wus prapta ||

4. nanging bêbêkêl tinampik | sang nata alon ngandika | kabêcikên bêkêl kuwe | misih padha kêkêrisan | padha wuda bêbêdnya | golèka sikêp kang punuk | kang bêbêd bagor momohan ||

5. kang sabuk dêbog sasuwir | tan adangu nulya prapta | sikêp bêbêt bagor amoh | sami susun punukira | kinon ikêt siladan | sang nata ngandika asru | padha mêtua paseban ||

6. lan sira undhanga aglis | kang pra dipati aseba | Si Suradimênggalane | timbalana mring paseban | katri sarêng mêdalnya | ngundhangan kang pra tumênggung | sadaya kang sami prapta ||

7. ya ta wau sri bupati | amuruk sikêp kalihnya | ingkang kinon dhawuhake | marang Suradimênggala | dangu pamulangira | kinèn bêkta aritipun | gêgaman kang sinangkêlang ||

8. sigra sikêp kalih mijil | kang pra dipati wus aglar | angadêg sarwi têtakèn | pundi Suradimênggala | tumênggung sèwu Jipang | sigra wontên mantri tuduh | gih punika ngarêp dika ||

9. sigra sami malangkêrik | anjêlèh dènira ngucap | dubilah [dubi...]

--- 65 ---

[...lah] bagus rupane | patut dadia sêntana | sêdhêng yèn kêmlungkunga | kaya bêcik pêrangipun | hèh Ki Suradimênggala ||

10. timbalane sri bupati | sira njaluk wuwuh sawah | iya bumi Jipang manèh | alah si sèwu kewala | iya bumi ing Jipang | alapên kang wolung èwu | aja tanggung babar pisan ||

11. nuli mangkata pribadi | angambil nagara Jipang | nanging iku kang aduwe | ingkang rayi Sri Narendra | Pangeran Prabu Jaka | pinaringkên mring sang prabu | kang rayi sarta pinacak ||

12. kasenapatèn ing jurit | ngrêbat pasisir bang wetan | samêngko Tuban ênggone | Pangran Arya Prabu Jaka | tundhungên gêntènana | têkanta jêjulukipun | pèkên anggonên wasisan ||

13. Suradimênggala nangis | bupati môncanagara | pra samya gumujêng kabèh | para Bupati Mataram | tumut jêtung sadaya | dadya ngrêkêd gujêngipun | punggawa môncanagara ||

14. nanging maksih ting cêkikik | mulat wau solahira | sikêp ingkang dhawuhake | solahe ladak kumêthak | ikêtipun siladan | agung nyikut aritipun | dhawuhe anyêntak-nyêntak ||

15. paran ta aturirèki | hèh Ki Suradimênggala | pijêr mrêbês mili bae | lah maune kaya ngapa | dene ta kaluputan | jamak nalaring tumênggung | pasthi gêgambèn ing nalar ||

16. nganggo nalar mata kuping | ngrungokna andêdêlênga | wêruh ing môngsakalane | apa sun gêntèni

--- 66 ---

sira | nanging badhê dêlajat | sikêp dadia tumênggung | pasthi rêngkaning nagara ||

17. hèh Suradimênggalèki | yèn tumênggung kaya sira | abêcik sikêp atine | ilok wêruh ing ukara | hèh sira Dimênggala | pan sira iku tumênggung | mamak nora wruh ukara ||

18. iya patut dèn jêjuwing | tumênggung kang kaya sira | dene wus sèwu lungguhe | pilihan nagara Jipang | tur kang êloh kewala | kurange prabot tumênggung | pan maksih saking sang nata ||

19. durung tinungge sirèki | tinuduh bêdhah nagara | byung-êbyung tumênggung akèh | iya durung papak sira | kaya katri punggawa | Radèn Suryanagarèku | Mas Rôngga lan Jayadirja ||

20. katri bupati ngêntasi | kang tate bêdhah nagara | ya katêlu parandene | nora mamak kaya sira | wus têlas kang timbalan | sikêp mangkat sarwi ngêntut | ngêdên mak brut sarwi kesah ||

21. gumêdêr kang pra dipati | gujênge ambata rêbah | nging môncanagara bae | kang pra Dipati Mataram | sami jêtung kewala | sikêp praptèng ngarsa prabu | umatur sasolahira ||

22. mangkana ing lami-lami | wau Suradimênggala | tulus kalantur pikire | dènnya sangêt kawirangan | wus sarêng takdiring Hyang | owahe apuranipun | Sri Bupati Kabanaran ||

23. sigra dènira anuding | utusan amawi surat | mring Surabaya badhene | nora wruh yèn Surabaya | wus nungkul kabatinan | dutane jujug Mataun | kang tugur [tu...]

--- 67 ---

[...gur] ing Surabaya ||

24. yèn tinampana anuli | minggat marang Surabaya | anggawa saprajurite | kalih bêlah kêkapalan | kalih atus kang dharat | nanging Tumênggung Mataun | tan purun angaturana ||

25. nênggih marang Senapati | Panêmbahan Cakraningrat | anganggêp gorohan bae | jinaganan apragalba | kaya pa yèn têmêna | Suradimênggala iku | ing nguni panèkêt desa ||

26. Suradiwangsa namèki | mangkya kinarya punggawa | lêlungguh sèwu samya lèh | pêpilihan nagri Jipang | wijil panèkêt desa | ing mangke nama Tumênggung | Suradimênggala Jipang ||

27. mila tan kandêl sayêkti | wau kalihe kang duta | dalu nasak wana gêdhe | nuju wana jinaganan | mring wonge Ki Dipatya | Cêbolang kang baris ngayun | Cêbolang manggalaning prang ||

28. kawênangan dèn cêkêli | wonge Suradimênggala | katri lir pandung lampahe | wus kacêkêl dhinèdhèlan | layangira kacandhak | enjinge anulya katur | marang Dipati Cêbolang ||

29. sigra dènira lumaris | marang pakuwon Karanggan | ngaturkên mratelakake | yèn wadyanira pangarsa | antuk srat lan bêbandan | Mas Rôngga miyarsa ngungun | sami sinimpên kewala ||

30. rêmbag lawan Ki Dipati | Cêbolang marang Mas Rôngga | sami nasabi lupute | nanging Suradimênggala | kêju tan purun seba | korèngên pawadanipun | tan kêmit tan seba-seba ||

--- 68 ---

31. dinangu sakitirèki | Gandhèk Radèn Martaduta | korènge mung sakêdhêle | nora patut yèn dadia | mudhokakên paseban | sang nata kalangkung bêndu | bedane wong anèng praja ||

32. pabarisan akèh pikir | ya Si Suradimênggala | têka mêngkono budine | kaya wong tas antuk guna | mudhokakên paseban | dukane kalantur-lantur | rêmbêse pratingkahira ||

33. lamun carakanirèki | nênggih Suradimênggala | mring Surabaya lampahe | nèng wana dalu konangan | marang bala pangarsa | cinêkêl mring wadyanipun | sira Dipati Cêbolang ||

34. dadya samya prihmrih. nasabi | Mas Rôngga lawan Cêbolang | sampun pinundhut surate | katupiksa mring narendra | langkung bramantyanira | supe lamun wau-wau | wus dhawuh kang pangandika ||

35. tan kêna mêtokkên gêtih | bupatine kawan wêlas | kang milu bêbakal kabèh | mênangi kala Pagêbang | miwah Pamajakawal | ing punika gênging bêndu | kalingan sampun dilalah ||

36. cinêpêng wus dèn lunasi | sira Suradimênggala | sami angungun kancane | wiwit prihatin sadaya | tan ana kang wania | umatur pratelanipun | yèn bupati kawan wêlas ||

37. dhawuh pait ingkang gêtih | Mas Rôngga Wirasêtika | kadhèwèkên jrih kemawon | mangkana kang tuwa-tuwa | iki lamun anaa | Radèn Suryanagarèku | nora mangkene karsanya ||

38. lamun punggawa wus dadi | dandanan [dandana...]

--- 69 ---

[...n] barang rinêmbag | pikir kang padha rujuke | aja na pinisah-pisah | lamun iku pisaha | buwang dandanan satuhu | yêkti ngêngêmbangi tiwas ||

39. anèng Kabanaran nguni | kang nglurugi mungsuh kathah | nanging katri punggawane | Dipati Suryanagara | Rôngga Wirasêtika | Tumênggung Jayadirjèku | katri punggawa dandanan ||

40. sabarang ingkang pinikir | sang nata anut kewala | yèn sampun rêmpêk pikire | Dipati Suryanagara | Tumênggung Jayadirja | Mas Rôngga katiganipun | dadi barang tinindakan ||

41. pisahe punggawa katri | kari sawiji Mas Rôngga | tuna barang pamikire | mung ajrih kalong kanthinya | dadya nir ing prawira | yèn darbêa karsa dudu | tan wontên purun malanga ||

42. anane punggawa katri | ingkang sami purun malang | milaris barang karsane | punika kêkês sadaya | mila mangkin andadra | agung karsa tanpa arus | tan mawi catur pariksa ||

43. lagi ature wong siji | sanadyan loro têlua | kaparêng padha sêngite | gêmbul ngangkahkên wadulan | têka banjur ginêga | akirang pulatanipun | kalamun panggawe ala ||

44. kudu gêmêt kudu titi | yèn ana atur wadulan | nora sah wong nênêm bae | wong pitu wolu sadasa | sanadyan mêngkonoa | binobot wêwatakipun | aja age nunggu ujar ||

45. wajib mariksa pribadi | amrih sah tibèng kêkumah | kalamun nora mêngkono | kaya Suradimênggala |

--- 70 ---

sêdya sinêlabana | mring kancane pra tumênggung | prandene nêmahi lunas ||

46. mangkana sri narapati | mèh bêdhah lêlakon giwar | saking tipis têtaline | para gusti juru wedang | Bok Suthup namanira | bojon pinilih rumuhun | nanging lakinira minggat ||

47. tiyang saking Surawèsthi | Pulangrêsmi namanira | mulih mring Surabayane | mangkya suwitèng Cêbolang | pan bêndarane lama | kinarya lêlurahipun | prajurit ing Surabaya ||

48. ing mangke Sang Adipati | Cêbolang sowan sang nata | Pulangrêsmi taksih dhèrèk | dadya Bok Suthup punika | asring manggihi marang | Pulangrêsmi lakinipun | mring pondhokan Surabaya ||

49. kawênangan dèn lunasi | sangsaya kêkês sadaya | wau sang nata budhale | saking dènnya baris Tambar | Rabingulakir wulan | asarêng kala sinambut | kadhaton ing Surakarta ||

50. lêlarèn pinagêr siti | nênggih pagêr buminira | têpung loji lawan bètèng | ing Rabingulakir wulan | taun êje sêmana | anunggil sangkalanipun | saptèsthi angrasa tunggal ||Sengkalan: saptèsthi angrasa tunggal ( Rabingulakir 1687 A.J., Oktober 1761 A.D.)¶.

51. ing Dhukut wuku marêngi | wau Natèng Kabanaran | ing marga tan kawiraos | mundur praptèng Pranaraga | enggar kang wadyabala | rawuh pêndhak enjingipun | miyos siniwèng ing bala ||

52. mêmacak para Dipati | Madiun ingkang kinarya | nênggih anake kang anom | Pangeran Mangkudipura | Radèn Purwanagara | linajêng jêjulukipun |

--- 71 ---

Pangeran Purwanagara ||

53. ing Jipang sèwu kinardi | kadang Suradimênggala | anggêntèni lêlakone | nama Suradimênggala | wontên caraka prapta | srat saking kang putra katur | Dipati Mangkunagara ||

89. Sunan Kabanaran anggetuni sedanipun iIngkang raka Pangeran Adiwijaya lan Tumenggung Jayadirja

54. bêbukanê tur udani | kalamun wau kang Paman | Pangran Adiwijayane | seda kasambut ing aprang | mêngsah Kapitan Kulman | nèng Kaliabu prangipun | sawêg mondhok tinututan ||

55. nunggil Rajèng Pakungwati | duk sami cucul turôngga | mêngsah puniku praptane | pun Paman Adiwijaya | inggih sawêg asiram | mungsuh prapta lajêng nubruk | mila tan sagêd kiwula ||

56. Sang Aprabu Pakungwati | ngamuk tulung ing ngayuda | dèrèng pêpak prajurite | mila pamuke katulak | rencange kathah pêjah | lan malihipun pukulun | kawula atur uninga ||

57. inggih dhatêng padukaji | pun Tumênggung Wiranata | lan pun Ranadiningrate | kesah wus tilar ing Sala | bêkti malih paduka | ingkang dados kesahipun | saking Paman Buminata ||

58. bojone dipun rusuhi | mila botên [botê...]

--- 72 ---

[...n] angsal manah | samangke sangêt tobate | dhumatêng paduka nata | miwah dhatêng kawula | kula sumôngga pukulun | ing karsa tuwan sri nata ||

125. Sinom

1. wau kalane miyarsa | sang nata raosing tulis | surat kang saking Pangeran | Mangkunagara Dipati | nimbali pra dipati | para mantri praptèng ngayun | wus praptèng ngarsa nata | wong Suranata pinilih | ngandika pan sarwi anênggak kang waspa ||

2. anak putu wruhanira | mila padha sun timbali | Kakang Mas Adiwijaya | seda kasambut ing jurit | nèng Kaliabu goning | yuda lan Si Kulman iku | duk lagi pamondhokan | kuda lagya dèn cuculi | angênginthil mungsuhe kasêlak prapta ||

3. nora kongsi antuk bela | si adhi ing Pakungwati | angamuk-amuk katulak | prajurite kèh ngêmasi | mila ta dèn kêkinthil | mungsuhe saunduripun | sarwi marêbês waspa | kang wadya duk amiyarsi | gumarênggêng pangungune wadya kathah ||

4. pating salênggruk kang wadya | akathah kang sami nangis | sang nata malih ngandika | sajatine ingsun iki | pan iya ora pati | gêgêtun ing sedanipun | dene abêring aprang | sok pisaha tanpa kardi | lan patine Si Tumênggung Jayadirja ||

5. gêgêtun Si Jayadirja | sedane kakang mas iki | yèn prakara ing ngayuda | ilang bauningsun kering | patine Jadirjèki | nanging sun rasa ing kalbu | tan duwe kadang tuwa | kang kering ing tanah

--- 73 ---

Jawi | pan ing kono tyas ingsun kadya winêjak ||

6. tinunggu ing kadang tuwa | aja kudu milu jurit | kacèk antêpe tyas ingwang | upamane Cundhamani | ya ta kang wadya malih | angot kang pating salênggruk | kondur wau sang nata | cinarita madya sasi | datan antuk dhahar nendra naradipa ||

7. yèn dalu akêkayalan | awiyar ing Pranaragi | kêbon wanan sang dipatya | sang nata angikis latri | agung dènnya gung nangis | tanpa rowang lamun dalu | anjajah pakêbonan | uyang sariranirèki | datan kêna narendra siniwèng wadya ||

8. akarya tarub balarak | munggèng soring nagasari | dèrèng karsa yèn kundura | ri wusnya samadya sasi | wit lêjar tyasiraji | kundurira sang aprabu | lajêng dènnya parentah | ngundhangkên santri kang ngaji | sabên dalu atusan binuja uga ||

9. ênjing sang nata sineba | wijiling pasowan jawi | aglar satriya punggawa | pramônca prawira mantri | miwah sagung prajurit | mantri prameya pianjur | sang nata angandika | marang sagung pra dipati | hèh sakèhe Bupati Pajang Mataram ||

10. padha sun lilani sira | mulih mring Pajang Matawis | nanging aja bêbarêngan | êlêta sapuluh wêngi | wong Pajang andhingini | wong Mataram kari pungkur | yèn besuk arang udan | dèn padha enggalan bali | angsah ingsun ambêdhah ing Surabaya ||

11. dene kang tunggu maring wang | ngamunga kang pra dipati | môncanagara

--- 74 ---

sadaya | mung putra santana kari | sandika pra dipati | malih ngandika sang prabu | Tumênggung Sindusasra | sira akaryaa tulis | angsul-angsul marang Si Mangkunagara ||

12. lan malih kang saprakara | sedane kakang mas iki | uwis padha amupusa | iya wus takdiring Widi | aja na kang prihatin | mring ajal wêwatêsipun | anungkulakên iya | ing pakarya mangun jurit | kapindhone pan iya parentah ingwang ||

13. Si Tumênggung Wiranata | iya dèn ulihna maning | lungguh bupati pangarsa | aja owah kaya dhingin | iya amung sawiji | Ranadiningrat sun pundhut | praptaa Pranaraga | surat dadya sinung aglis | mring dutane Pangeran Mangkunagara ||

90. Pangeran Mangkunagara saya renggang kalihan ingkang rama Sunan Kabanaran

14. caraka pamit umêsat | kunêng gantya kang winarni | dêlèr gêlak dutanira | mring Pangran Mangkunagari | kathah dènnya kêkirim | amrih sagêd pisahipun | pangeran lan kang rama | duta dêlèr wanti-wanti | ing sêmune kadi ta anganggo japa ||

15. kadya sela saupama | Pangran Mangkunagarèki | agung pinocok ing waja | lami-lami têmah gigrig | budhal saking Matawis |

--- 75 ---

Têgal Bayêm ngetanipun | kèndêl ing Pajagalan | alami sawêg anganti | pra dipati kang têksih ajêng-ajêngan ||

16. agunêm nèng Pajagalan | Pangran Mangkunagarèki | kasaru dutane prapta | ingkang saking Pranaragi | sêrat katur ing gusti | saking rama sang aprabu | tinampan tinupiksa | wusnya tarimanirèki | dènnya atur uninga sedaning raka ||

17. kaping kalih pêparentah | Tumênggung Wiranatèki | muliha karyane lama | dadi bupati pangarsi | amung punggawa siji | Ranadiningrat pinundhut | praptaa Pranaraga | pangeran aniti-niti | pandangune solah tingkahe kang rama ||

18. yèn wus prapta Pranaraga | badhene kang pra dipati | sami kalilan mantuka | Bupati Pajang Matawis | sawingking kula gusti | pra dipati budhalipun | inggih benjang katiga | ingandikan wangsul malih | nutugakên karsa gêcak Surabaya ||

19. ing Madiun pêjahira | Pangran Mangkudipurèki | mangke Rahadèn Sumbarja | sampun pinacak bupati | nanging namaning maksih | Pangran Purwanagarèku | pangeran angandika | têka mêngkono kiyai | sabênêre iya anak kang atuwa ||

20. Si Tumênggung Ranadirja | iya ing Magêtan iki | dene kang anom dadia | iya Magêtan prayogi | anulya dèn timbali | Tumênggung Sumadirjèku | lawan Ranadipura | Kudanawarsa wus prapti | pangulune Ki Iman wus tinimbalan ||

21. sadaya wus sami [sa...]

--- 76 ---

[...mi] prapta | lan sadasa mantri miji | pangeran alon ngandika | hèh Sumadirja sirèki | tanpa gawe ing mangkin | gonira milu maringsun | ramanira kang pêjah | Madiun wus dèn tanduri | kang pinacak arinira Si Sumbarja ||

22. dene ta ing lakonira | iya karsaning kiyai | ginawakakên maringwang | tinuduh amangun jurit | mêngko bapane mati | têka kang anom tinandur | anyilikakên manah | kiyai ngowah-owahi | iya kaya lunase Tumênggung Jipang ||

23. sadosane tinimbanga | durung sumurupa yêkti | ya Si Suradimênggala | têka nora na tinolih | bature mangan kunci | mangan lo anèng wanagung | liwat mèlu kangèlan | lara pati dèn labuhi | Si Tumênggung Suradimênggala Jipang ||

24. iya ing mêngko sok wonga | gêlêm milu mring kiyai | ugêr wus sugih jajahan | nguni bêbakali yêkti | dèn bêbujung Kumpêni | têlusupan jurang gunung | ing pirang-pirang wulan | mung amangan dhangkèl kunci | nora ginggang ya Si Suradimênggala ||

25. bêsono-bêsono iya | saking tan ngrasa sayêkti | kalamun dadia cacad | têka nora dèn maklumi | wus jamakê wong cilik | sathithik dêduganipun | Iman matur anêmbah | lamun makatên ramaji | botên eca kang kocap ing dalêm Kitab ||

26. lamun panjênêngan nata | inggih angowah-owahi | lamat suda kang dêrajat | pangeran mèsêm ing mangkin |

--- 77 ---

pangandikanya malih | Ranadiningrat sirèku | pinundhut ing sang nata | ngandikan mring Pranaragi | nêmbah matur Tumênggung Ranadiningrat ||

27. pukulun ajrih kawula | manawi dipun pêjahi | pangeran gumujêng latah | lah Kudanawarsa iki | wong siji kang nêmahi | kang akèh gêmpal tyasipun | jêr Suradimênggala | tunggale padha prajanji | laralapa sisip kêdhik pinêjahan ||

28. wongê kabèh kêkês padha | pêpitune kang sawiji | ya Si Suradimênggala | pan iku kancane lami | sapa kang manastèni | ngugung wong patbêlas iku | punggawa laralapa | mêngko kabèh pasthi elik | sapatine ya Si Suradimênggala ||

29. têtela kaca bênggala | mangkana tinundhung sami | payo padha makuwona | bubar sagung pra dipati | miwah pra mantri miji | mangkana ing dalunipun | miji papat ngandikan | lawan pêngulunirèki | kanêmira Tumênggung Kudanawarsa ||

30. sami munggèng ngarsanira | pangeran nyaoskên pikir | dènira arsa magêla | Kudanawarsa turnèki | dhuh anggèr kadipundi | sawêg inggih bekanipun | gusti rama paduka | adarbe karsa pribadi | inggih dene dèrèng radin tanah Jawah ||Jawa.

31. nanging ta sadasa-dasa | inggih pinupus ing batin | awon kocapa ing liyan | binêtahakên utami | pangeran ngandikaris | yèn aja bêtaha ingsun | dhingin mula wus congkrah | jêr kêbangêtên kiyai |

--- 78 ---

tômpa matêng mêntah-mêntah kinalêthak ||

32. Tumênggung Kudanawarsa | aturira ngasih-asih | gusti paran kinarsakna | pikir kang botên prayogi | saru ing tanah Jawi | lan paduka putra sêpuh | tur paman maratuwa | inggih ing don kadipundi | angandika Pangeran Mangkunagara ||

33. lah iya Kudanawarsa | yèn ingsun maksih anunggil | mati ngênês balaningwang | nora bisa anglakoni | pangulune nambungi | tur sêmbah alon umatur | dhuh gusti makatêna | pundi kang botên kadugi | sakarsane inggih rama jêngandika ||

34. inggih ngaturana surat | ing rama tuwan sang aji | tuwan darbea panêdha | yèn botên dipun sagahi | punika sêdhêng purik | pangeran ngandikanipun | yèn ingsun mangkonoa | pasthi nuli dèn timbali | karsaningsun aja kongsi tinimbalan ||

35. yèn ingsun tinimbalana | yèn nora lumaku wêdi | witning ingsun lumakua | kapriye polahku benjing | ingsun katêmu wêdi | lagi mêngkono tyas ingsun | êmbuh apa kang mawa | wêdiku kapati-pati | lumuh têmên ingsun iki katêmua ||

36. bênêr apa kang angucap | kudu karusakan mami | puluh-puluh ingsun têmah | dadi mati dadi urip | lan kapindhone mami | ngaurip tiwas kalangkung | layone kangjêng rama | tan kêna nunggal Magiri | kaya ingsun kajaba trahing Mataram ||

37. iki dêlèr ing Samarang | ngajak bêcik sun langgati | dene ta apamrih ingwang | mung layone rama mami |

--- 79 ---

sok kumpula Magiri | amung iku amrih ingsun | tan ana sêdya liya | mung layone bapa mami | sok kumpula iya ana gunung Mêrak ||

38. yèn nora sun langgatana | luput ing pangarah mami | layone wong tuwan ingwang | pan dhingin sanggup kiyai | karsa amratikêli | marang Kumpêni amundhut | layone ingkang raka | nora jêbul malah mangkin | lamun nora ingsun dhewe ingkang molah ||

39. dene kiyai ing benjang | bangêt dêduka mring mami | kongsi amukul maring wang | dêlèr sanggup anulungi | wus mantêp pikir mami | Kudanawarsa umatur | nanging ta dipun samar | mawia rèrèh sakêdhik | rama tuwan wong agung sumbagèng jagat ||

40. aguna tur aprawira | wêweka sudibyèng wèsthi | Ki Iman nambungi sabda | inggih sayêktos sang aji | wong agung amupugi | ing aguna kasap lêmbut | prakosa môndrawignya | têtêp prawira ngajurit | nanging mangke wêwatak sagêde owah ||

41. inggih dene sagêd nglunas | punggawane kang wus janji | barênga sapêjah gêsang | laralapa dèn labuhi | lagi sisip sakêdhik | têka nora ana ketung | pratôndha bakal tiwas | têka kolu anglunasi | mring Tumênggung Suradimênggala Jipang ||

Lajêng nyandhak jilid 14.

--- [0] ---

Isinipun

... Kaca

84. Pêpêrangan ing Kêdhu, Pagêlèn tuwin Banyumas saanteronipun. Wadyabala Kabanaran dipun biyantu Sultan Bantên ... 12

85. Pangeran Mangkunagara rêraosan badhe malik tingal mêngsah ingkang rama Sunan Kabanaran. Pangeran Adiwijaya kapupu ing prang ... 44

86. Prajurit Sukawati campuh kalihan prajurit Surabaya ... 51

87. Sunan Kabanaran botên èstu anggêcak Surabaya, awit saking pambujukipun Adipati Madura ... 55

88. Tumênggung Suradimênggala ing Jipang ambeka nyuwun dipun indhaki sabinipun. Sunan Kabanaran duka. Kyai Tumênggung kapatrapan ukum pêjah ... 60

89. Sunan Kabanaran anggêtuni sedanipun ingkang raka Pangeran Adiwijaya lan Tumênggung Jayadirja ... 71

90. Pangeran Mangkunagara saya rênggang kalihan ingkang rama Sunan Kabanaran ... 74