Sastra Jawa

Program Digitalisasi Sastra Daerah

  • Increase font size
  • Default font size
  • Decrease font size

Babad Giyanti, Balai Pustaka, 1937-39, #985 (Jilid 14)

Katalog:Babad Giyanti, Balai Pustaka, 1937-39, #985
Sambung:
1.Babad Giyanti, Balai Pustaka, 1937-39, #985 (Jilid 01). Kisah, Cerita dan Kronikal | Babad Giyanti #1061.
2.Babad Giyanti, Balai Pustaka, 1937-39, #985 (Jilid 02). Kisah, Cerita dan Kronikal | Babad Giyanti #1062.
3.Babad Giyanti, Balai Pustaka, 1937-39, #985 (Jilid 03) . Kisah, Cerita dan Kronikal | Babad Giyanti #1063.
4.Babad Giyanti, Balai Pustaka, 1937-39, #985 (Jilid 04). Kisah, Cerita dan Kronikal | Babad Giyanti #1064.
5.Babad Giyanti, Balai Pustaka, 1937-39, #985 (Jilid 05). Kisah, Cerita dan Kronikal | Babad Giyanti #1065.
6.Babad Giyanti, Balai Pustaka, 1937-39, #985 (Jilid 06) . Kisah, Cerita dan Kronikal | Babad Giyanti #1066.
7.Babad Giyanti, Balai Pustaka, 1937-39, #985 (Jilid 07). Kisah, Cerita dan Kronikal | Babad Giyanti #1067.
8.Babad Giyanti, Balai Pustaka, 1937-39, #985 (Jilid 08) . Kisah, Cerita dan Kronikal | Babad Giyanti #1068.
9.Babad Giyanti, Balai Pustaka, 1937-39, #985 (Jilid 09). Kisah, Cerita dan Kronikal | Babad Giyanti #1069.
10.Babad Giyanti, Balai Pustaka, 1937-39, #985 (Jilid 10). Kisah, Cerita dan Kronikal | Babad Giyanti #1070.
11.Babad Giyanti, Balai Pustaka, 1937-39, #985 (Jilid 11) . Kisah, Cerita dan Kronikal | Babad Giyanti #1071.
12.Babad Giyanti, Balai Pustaka, 1937-39, #985 (Jilid 12). Kisah, Cerita dan Kronikal | Babad Giyanti #1072.
13.Babad Giyanti, Balai Pustaka, 1937-39, #985 (Jilid 13) . Kisah, Cerita dan Kronikal | Babad Giyanti #1073.
14.Babad Giyanti, Balai Pustaka, 1937-39, #985 (Jilid 14) . Kisah, Cerita dan Kronikal | Babad Giyanti #1074.
15.Babad Giyanti, Balai Pustaka, 1937-39, #985 (Jilid 15) . Kisah, Cerita dan Kronikal | Babad Giyanti #1075.
16.Babad Giyanti, Balai Pustaka, 1937-39, #985 (Jilid 16). Kisah, Cerita dan Kronikal | Babad Giyanti #1076.
17.Babad Giyanti, Balai Pustaka, 1937-39, #985 (Jilid 17). Kisah, Cerita dan Kronikal | Babad Giyanti #1077.
18.Babad Giyanti, Balai Pustaka, 1937-39, #985 (Jilid 18). Kisah, Cerita dan Kronikal | Babad Giyanti #1078.
19.Babad Giyanti, Balai Pustaka, 1937-39, #985 (Jilid 19). Kisah, Cerita dan Kronikal | Babad Giyanti #1079.
20.Babad Giyanti, Balai Pustaka, 1937-39, #985 (Jilid 20). Kisah, Cerita dan Kronikal | Babad Giyanti #1080.
21.Babad Giyanti, Balai Pustaka, 1937-39, #985 (Jilid 21). Kisah, Cerita dan Kronikal | Babad Giyanti #1081.

Serie No. 1259m

Babad Giyanti

Anggitanipun Radèn Ngabèi Yasadipura I ing Surakarta.

Jilid 14.

Bale Pustaka - 1938 - Batawi Sèntrêm.

--- [2] ---

Wêwênangipun ingkang ngarang kaayoman miturut anggêr ingkang kapacak ing sêtatsêblad 1912 No. 600.

--- [3] ---

Pangeran Mangkunagara saya rênggang kalihan ingkang rama Sunan Kabanaran.§ Miturut babon ingkang sumimpên ing Kon. Bat. Gen. v. K. en W.

42. linalèkkên mring Hyang Suksma | apêse bakal mêrpêki | dene tan nganggo kemutan | abdine sabaya pati | setan ingkang ngalingi | sampun dilalah puniku | pasthi abdine samya | kang kèri maras awêdi | dadi kaca ya Si Suradimênggala ||

43. wus dadi pirêmbagira | nèng Pajagalan Matawis | Magêlang amumpangkara | ing saèstu badhe muntir | ya ta wau winarni | praptane kang saking nglurug | bupati ing Mataram | katiga sarênge prapti | Jayaningrat Janapura Jasêmbadra ||

44. Mas Rôngga Wirasêtika | pra Dipati Sukawati | sarênge mantuk sadaya | Bupati Pajang Matawis | kang saking Pranaragi | wau bupati katêlu | praptane Pajagalan | lan pangeran sami panggih | tigang dalu kèndêl anèng Pajagalan ||

45. langkung sami sukanira | dinangu solahê nguni | ing nalika baris Tambar | miwiti malah mêkasi | ingkang dinangu malih | kalane panglunasipun | wontên baris ing Tambar | nguni dènira matèni | mring Tumênggung Suradimênggala Jipang ||

46. kalangkung dados wêlasan | rama paduka sang aji | samangke owah karsanya | ingkang abdi kêkês sami | pun Rôngga mangke gigrig |

--- 4 ---

datan purun darbe atur | brêbês mili kewala | nalikane dèn lunasi | pun Tumênggung Suradimênggala Jipang ||

47. rencangipun laralapa | karo cawêt dèn lakoni | bêlusukan saba alas | amung mangan dhangkèl kunci | mangkya karta sathithik | sugih brana sugih batur | lali abdine lama | ingkang mèlu baya pati | pun Tumênggung Suradimênggala Jipang ||

48. Pangeran Mangkunagara | angantêp sarwi bêbisik | mring Janingrat Janapura | nglairkên karsanirèki | sambat punggawa katri | mangkya dèrèng sagêd matur | kula aso sakêdhap | wontên nagari Matawis | yèn wus bamban kula inggih nuntên sowan ||

49. punggawa katri kalilan | pun lajêng dhatêng Matawis | nuntên wontên dutanira | Pangeran Purubayèki | nêdha bantu ngajurit | akasoran yudanipun | pangeran angandika | wong Pagêlèn sira iki | umatura marang Paman Purubaya ||

50. iya lamun nora bisa | tinuduh amangun jurit | pêcah Pagêlèn tan pêcah | wus nora bisa nglakoni | Paman Purbaya iki | angur mundura dèn gupuh | aja dêdawa wirang | ing aprang pijêr kasoring | kalah maring Si Tumênggung Arungbinang ||

51. apan nora sanggup ingwang | ing Pagêlèn ambantoni | angur nunggala maring wang | Si Paman Purbaya iki | uwis muliha aglis | mêngkono wêwêkas ingsun | dutatur sêmbah mêsat | pangeran undhang wadyèki | budhal saking Pajagalan ing Mataram ||

--- 5 ---

52. kondur marang tanah Pajang | ing lampahira wus prapti | masanggrahan ing Barija | wuwusên bala Kumpêni | Sakèbêr angundhangi | budhal nglêboni Matarum | kawan atus sadaya | prajurit Kumpêni putih | Kumpêni Slam dhomas pan wolu kapitan ||

53. pêpitu kang pra Dipatya | Batang Kêndhal Lèpèntangi | Ki Tumênggung Mangkuyuda | Wiradigda Rajaniti | Surajênggala malih | Malangnagara kawolu | saking Tarayêm budhal | samarga-marga ajurit | mêngsah lawan Dipati Suryanagara ||

54. lan Pangran Natakusuma | lèrès dènira nadhahi | saking kêkathahên mêngsah | dènira prang mundur maring | nanging bala Kumpêni | amêlak tan wontên purun | Sakèbêr barisira | wus angancik ardi Gamping | wus rinakit larèn jagang kapurancang ||

55. pinêrnah mariyêmira | luhur batre baluwarti | bêkta mariyêm sadasa | dene pondhokan wong Jawi | jinagang pagêr bumi | akawah kukuh abakuh | Tumênggung Mangkuyuda | ing Kêdhu wus kinon mulih | apacaka baris anèng gunung Lawak ||

56. Dipati Suryanagara | kèndêle dènira baris | anèng Jênu sakancanya | sakawan kang pra dipati | ya ta wuwusên malih | Pangeran Buminatèku | kang wontên Surakarta | anandhang musakat malih | sakesahe Ki Tumênggung Wiranata ||

--- 6 ---

91. Pangeran Buminata asrah pejah gesang dhateng ingkang raka Sunan Kabanaran

57. Kalawan Ranadipura | Pangeran Buminatèki | bature tan bisa mêdal | ngupaya pangan tan olih | Pangran Buminatèki | kaoncatan dhaharipun | jajahan Surakarta | pan sampun rinupak malih | kathah minggat wonge Pangran Buminata ||

58. arsa angêlar jajahan | Pangeran Buminatèki | mêdal saking ing nagara | panêlawe desa wani | anadhahi ngajurit | tinitiran sagènipun | dadya kaburak-burak | cêngkelak lumayu mulih | marang Sala kangèlan tan antuk karya ||

59. Kumpêni wus sami ewa | sang nata amitambuhi | dadya rongèh manahira | nora ngitung wirang isin | nêmpuh lêlingsêm mangkin | tan kemutan waunipun | moyoki mring kang raka | anake wong gendhong sênik | mangkya dene kabutuh tan bisa nadhah ||

60. lawan bature kèh minggat | Pangran Buminata mangkin | kesah saking nagri Sala | kabutuh tan bisa ngising | arsa anungkul aglis | asrah pati uripipun | marang kang raka nata | ingkang wontên Pranaragi | nanging jujug Pangeran Mangkunagara ||

61. sapraptane ing Barija | gumujêng dènira panggih | Pangeran Mangkunagara | paman karsa dhatêng [dha...]

--- 7 ---

[...têng] pundi | kang paman anauri | sebakêna awak ingsun | marang ing ramanira | ingkang anèng Pranaragi | atur tabik sumungku ing pêjah gêsang ||

62. gumujêng alatah-latah | paman bilih dèn pêjahi | apan raka jêngandika | isin darbe kadang jirih | sayêkti paman benjing | linêbêtakên ing sumur | sampun asring ngandika | iya kadang-kadang mami | yèn wêdi prang aja têtêmu lan ingwang ||

63. ngling Pangeran Buminata | sêdhêng lamun dèn patèni | nênggih patut kadang tuwa | gêntining bapa sayêkti | môngsa selaka mami | yèn wong tuwa kudu nglampus | têka sira aturna | kang putra umatur aris | kantun pintên prajurit paduka paman ||

64. sampun boya duwe bala | mung kèri rolas galintir | mung lima kang nunggang jaran | pêpitu kang dharat sami | ingong ika yun ngampil | jaran marang ing sirèku | tunggangane bokira | kewala turôngga katri | mung kêlara lumaku mring Pranaraga ||

65. tanggêl paman umatura | ing raka tuwan kiyai | rayi sampeyan pun Paman | Natakusuma puniki | sawêg kula aturi | tumut baris ing Matarum | sayêktine musakat | rencange tiyang pasisir | botên darbe têtiyang Pajang Mataram ||

66. ingkang paman ingaturan | makuwon wus dèn saosi | sadhahare sinaosan | makuwon kang paman aglis | wau kang dèn timbali | Pangran Natakusumèku | prapta saking Mataram | ing Jênu kang kering baris |

--- 8 ---

Adipati Suryanagara Môndraka ||

67. lan Tumênggung Wiradigda | Tumênggung Mangkudirjèki | Pangeran Natakusuma | barisan Barija prapti | lawan pangeran panggih | Mangkunagara andangu | paman wilujêng samya | taksih kathah ngong tingali | prajurite katingal nganggo bandera ||

68. Pangeran Natakusuma | umatur gih kadipundi | bêndara lamun nyuruda | punika inggih satunggil | tan wontên kang ginajih | saking pundi sabinipun | mung murugakên trêsna | malah kula dèn ingoni | amung kantun kêkapalan pitung dasa ||

69. sanjata kang tigang dasa | kawan dasa waosnèki | sèkêt abdi dalêm dharat | pangeran ngandika malih | jamak inggih priyayi | satriya para tumênggung | wontên tilase uga | dipun trêsnani wong cilik | nadyan inggih kesaha saking nagara ||

70. taksih wontên umat trêsna | lamun darbe labêt bêcik | botên kadi raka dika | Paman Buminata mangkin | kesah saking nagari | botên wontên ingkang ngingus | saking labête ala | mila tan wontên tut wingking | pundi wontên bature mung wong lêlima ||

71. kula badhe tur uninga | ing raka dika kiyai | yèn paman têtunggilêna | Bupati Pajang Matawis | sanès paman pasisir | kula nuwun karsanipun | upami tinêtêpna | pun paman baris pangarsi | sayêktine kula suwunakên sawah ||

72. paman botên kalèpètan | kula ingkang amrayogi | Pangeran Natakusuma | bêndara [bênda...]

--- 9 ---

[...ra] sumanggèng kapti | yèn ugi anglèpèti | ing kula kawula nuwun | botên pan kula paman | pribadi ingkang mrayogi | lamun maksih tinunggil kalawan kula ||

73. pangeran sampun akarya | surat katur ing ramaji | wus dadya caraka mêsat | ing marga datan winarni | praptaning Pranaragi | surat katur ing sang prabu | tinampan tinupiksa | bêbukane tur udani | lamun rayi dalêm Paman Buminata ||

74. mangke ngaturakên tobat | nungkul ing paduka malih | samangke tilar ing Sala | lan kawula sampun nunggil | rencange kapat kucing | kalangkung musakatipun | bojone sami dharat | langkung kula isin-isin | kêdah nêmah tobat sumungkêm ing tuwan ||

75. lan rayi dalêm pun Paman | Natakusuma ing mangkin | sampun ananggêl kawula | sumôngga ing padukaji | sumêdhot tyasiraji | Tumênggung Sindusastra wus | kinon akarya surat | mring kang putra angangsuli | lan parentah sang nata tigang prakara ||

76. Pangeran ing Buminata | Pangran Natakusumèki | pinundhut mring Pranaraga | lawan ingkang kaping katri | Ranadipura nênggih | kang rama sampun amundhut | praptaning Pranaraga | tan ana jêbule prapti | surat dadya sinungkên duta sarkara ||

126. Dhandhanggula

1. duta mêsat saking Pranaragi | kunêng malih ingkang winursita | Pangran Natakusumane | asring ngandikan dalu | ing Pangeran Mangkunagari | Paman Natakusuma | paran jampinipun | wong wêdi apêpanggiha | lan wong tuwa

--- 10 ---

kapindhone narapati | kula puniki paman ||

2. dhatêng raka andika kiyai | punapa ingkang dadia tômba | paman ilanga wêdine | paman andika wuruk | kagyat wau dènnya miyarsi | Pangran Natakusuma | jêthèt manahipun | langkung èwêd saurira | dangu-dangu Pangran Natakusuma ris | anggèr puniku beka ||

3. apan beka pandamêling iblis | karêmane setan karya rêngat | têtukaran lan sanake | sabotên-botênipun | aja atut lan tôngganèki | mila anggèr ajriha | paran milanipun | dhasar gêgêntosing bapa | kaping kalih tur maratuwa sayêkti | pangran gumujêng latah ||

4. paman ingkang mêmarahi ajrih | raka dika kiyai samangkya | wontên sanèse karsane | wontên punggawanipun | langkung saking tumut asakit | rencange abêbakal | nênggih pun Tumênggung | Suradimênggala Jipang | dosa kêdhik punika dipun lunasi | wontên baris ing Tambar ||

5. datan wontên purun amambêngi | abdinipun pan kêkês sadaya | lah punika paman mangke | mila kula kalulun | ing tyas kula pan tumut ajrih | dene kiyai owah | ing ngandikanipun | mila pun Ranadipura | dipun pundhut praptane ing Pranaragi | mopo kambêtan warta ||

6. kancanipun pan dipun pêjahi | pun Tumênggung Suradimênggala | punika kêdhik dosane | pun Ranadipurèku | inggih paman mêntas ambalik | puniku dadi [da...]

--- 11 ---

[...di] kaca | sayêkti linampus | sampun agêng ingkang dosa | pangrasane botên sande dèn pêjahi | mopone sapunika ||

7. Pangran Natakusuma turnèki | sènès abdi kalawan paduka | pan macan sagalakane | tan badhog anakipun | sami kèndêl anggagat enjing | bubar tanpa wêkasan | amakuwon sampun | Pangeran Natakusuma | pandugine awon kalêthêk ing galih | katone solah tingkah ||

8. Ki Tumênggung Kudanawarsèki | ingalihakên nama dipatya | angangge karsane dhewe | malah wus amisuwur | apan dèrèng atur udani | dhatêng rama sang nata | cêlingkrik jinunjung | Dipati Kudanawarsa | pra Dipati Mataram wus sami prapti | pabarisan Barija ||

9. Ki Dipati Janingrat Matawis | anakipun pinundhut wus ningkah | Tumênggung Jasêmbadrane | lan putrane pambayun | Radèn Ajêng Sombro namèki | sampun ingalih nama | rahadèn ranipun | Tumênggung Sumanagara | sawêg ningkah nanging dèrèng apêpanggih | nganti kèndêling karya ||

10. Pangran Arya Purubaya prapti | lan Pangeran Amangkukusuma | sampun sakêdhik kanthine | pan namung kuda satus | ingkang rayi wadyanirèki | mung kantun pitung dasa | kêkapalanipun | para tumênggunge samya | anglabuhi Pagêlèn para wadyalit | ambyuk Kyai Rungbinang ||

11. duta prapta saking Pranaragi | katur surat saking rama nata | tinampan tinupiksa gê | jroning surat kang dhawuh | ingkang putra atur [a...]

--- 12 ---

[...tur] udani | Pangeran Buminata | ing panungkulipun | pinundhut mring Pranaraga | asarênga Pangran Natakusumèki | katri Ranadipura ||

12. Pangran Natakusuma siraglis | tinimbalan praptèng ngarsanira | pangeran pangandikane | paman dika pipundhutpinundhut. | ingandikan mring Pranaragi | sukur punika paman | mila kula suwun | nunggila baris lan kula | kyai botên angarsakakên samangkin | kadi wêlas miyarsa ||

13. yèn lamia paman wontên ngriki | sayêktine tan wande musakat | mila kula suwunake | mangkya têmah pinundhut | inggih paman langkung utami | luwung nuntên amangkat | inggih besuk-esuk | nulya Paman Buminata | ingaturan prapta ing ngarsanirèki | kang putra aturira ||

14. paman wontên sêrate kiyai | paman pinundhut mring Pranaraga | Paman Natakusumane | puniku sarèngipun | kula angkatakên ing enjing | sampeyan gih punapa | sarêng angkatipun | pun Paman Natakusuma | maksih ngadêg banderanipun sasupit | kapalan pitung dasa ||

15. paman punika ta kadipundi | anglingsêmi ing raka paduka | kang dadi pangeran kene | sayêkti lajêng bêkus | dêstun lamun jêmbêri bumi | pangeran anak raja | bature mung pitu | kang têlu nora kêrisan | Pangran Buminata angandika aris | paran pitulungira ||

16. iki ana duwèkingsun kèri | warisane iya eyangira | sêsupe kèri sasêle | rêgane têlung atus | iya karya

--- 13 ---

tuku turanggi | saparo kang dadia | sanguning lumaku | kuda salawe kewala | lagi sêdhêng ngupaya bocah ngong lami | kang anèng desa-desa ||

17. Pangran Mangkunagara nglingnyaris | kula paman nyumbang kapal gangsal | lan uwang sèkêt sangune | dadose paman kantun | angupados rencarencang. rumiyin | Paman Natakusuma | budhala suk-esuk | sampeyan sawêg kadanan | ngupayabdi pangeran ngandika malih | Paman Natakusuma ||

18. lamun raka dika jêng kiyai | andangu mring pun Ranadipura | kalangkung sangêt mopone | ajrih bilih linampus | kêkês dening wayanganèki | kiyai darbe karsa | kancane linampus | binobot dosane paman | lan Tumênggung Suradimênggala yêkti | gêdhe Ranadipura ||

19. sampun nuduh ing mantri kêkalih | dhèrèk Pangeran Natakusuma | saking Barija budhale | mring Pranaraga laju | tigang dalu wontên ing margi | praptaning Pranaraga | katur ing sang prabu | lajêng dènira ngandikan | sapraptane ing ngabyantara narpati | ngabêkti ngaras pada ||

20. gya pinêngkul marang Sri Bupati | Pangeran Arya Natakusuma | sawusnya dangu undure | ngandika sang aprabu | paran adhi sira pribadi | polahe anakira | Mangkunagarèku | iki gumyah ing pawarta | iya arêp umadêg sri narapati | wus nora ngimanêna ||

21. iya marang ing karaton mami | arêbut tuwuh ing tanah Jawa | kumaki bangêt wartane | kalangkung èwêdipun |

--- 14 ---

Pangran Natakusumèng batin | arsa matur pasaja | bok wêtuning bêndu | satêngahe antuk nama | wêwadulan ilang namaning bupati | siniku ing sujana ||

22. lamun nora matura sayêkti | kênèng dora sanadyan doraa | wong rêngat rinapêtake | dora ganjaran iku | ngatutakên sêsatron sami | dadya tur winatara | mrih tibaning alus | pukulun mênggah kawula | dèrèng sagêd mastani badhea muntir | dhatêng putra paduka ||

23. nanging inggih ugungan sayêkti | putra dalêm ing watêk têtindra | puyêngan mayêng wiyange | gawat guwayanipun | pilih ingkang kenging andugi | asumbêr sumambrana | bawur momor sambu | sumuk sumêngka sumamar | kang môngka toh tanpa titi parikêni | kêna amrih pikêna ||

24. jro sêmbrana pamèt ing pakolih | nanging dalu kula tinimbalan | putra dalêm sêsambate | paman paran puniku | têtambane wong ati wêdi | kula puniki paman | têka jrih kalangkung | lan kiyai pêpanggiha | têka wêdi akêkês kapati-pati | inggih ing tyas kawula ||

25. atur kawula langkung mêncit sih | gih bêndara pandamêling setan | dede manah sayêktine | dipun agêng pukulun | ing mujadah gih kadi pundi | lamun kalampahana | tanah Jawa rêtu | sintên kang dèn arsa-arsa | abdi dalêm bandara satanah Jawi | amung kalih paduka ||

26. inggih lawan ramanta sang aji | ya ta ngandika wau sang nata | hèh yayi mas iya [i...]

--- 15 ---

[...ya] kuwe | marang sira wus mungup | wêdi iku osiking ati | Adhi Mas Buminata | tan barêng sirèku | tur sêmbah alon turira | inggih sawêg adandan ngupaya dasih | kados sawingking kula ||

27. sira Pangran Natakusumèki | sampun wau kinon makuwona | ngalun-alun lèr kilène | pinaring sabin sangu | ginêmpalan Madiun sabin | sèwu Barêbês lawan | Pace Caruban wus | akathah prajuritira | duk punika Pangran Natakusumèki | ngiras môngka wêdana ||

28. kawan dalu antawisirèki | praptanira Pangran Buminata | Natakusuma pondhoke | sontên ing praptanipun | enjingipun dipun timbali | mijil paseban jaba | wau sang aprabu | aglar pramônca punggawa | para mantri pra muka adining jurit | supênuh ngarsèng nata ||

29. praptanira wau ingkang rayi | sèlèh dhuwung lajêng ngaras pada | sarwi karuna ature | kang raka sang aprabu | nênggak waspa tyasira jait | kathah karasèng driya | wêlas kadangipun | ala-ala sok misiha | angandika marang kang para dipati | padha patutên iya ||

30. Adhi êmas Buminata iki | apa bupati apa satriya | ingkang amrih sêmbadane | wadya tan purun matur | sami dhêku nuwun turnèki | dadya malih ngandika | wau sang aprabu | kalamun dadya satriya | kurang bagus lan kurang prawirèng jurit | basa aran satriya ||

31. kang abagus kang prawirèng jurit | iku kang antuk nama satriya | dhimas [dhima...]

--- 16 ---

[...s] iki nora kabèh | kurang wêwaninipun | ing sayêkti kurang apêkik | mung patute adhi mas | dadia panambur | iku kang luwih prayoga | kuciwane têka dadi kadang mami | yèku marahi nistha ||

32. ingkang munggèng ngarsa pra dipati | para mantri sami nyakot ilat | saking angampêdangampêt. guyune | kang rayi langkung dhêku | aturira angasih-asih | pêjah gêsang sumôngga | ing jêng kaka prabu | kawula nekad anêmah | anglabuhi ing tuwan sapati urip | botên nêdya suminggah ||

33. iya yayi jamak wong abêcik | barang panggawe tan tundha bema | ambuwang cing-cing têlêse | ya uwis ariningsun | akèh-akèh ingkang kawijil | lah iya ngarah apa | babo wong sadulur | balik ingsun atêtanya | sira têmu lan sutanta adipati | ya Ki Mangkunagara ||

34. kaya paran pratikêling mangkin | dene akèh wong matur maringwang | lamun owah tênagane | kang rayi nêmbah matur | inggih lêrês kangmas tur sami | Tumênggung Danawarsa | mangke wus jinunjung | Dipati Kudanawarsa | anakipun pun Jayaningrat Matawis | Tumênggung Jasêmbadra ||

35. pan ingalih namanipun mangkin | Radèn Tumênggung Suranagara | pinêndhêt mantu samangke | paningkahipun sampun | nging pangantèn dèrèng apanggih | dene adêge nata | ngantos dhatêngipun | inggih dêlèr ing Samarang | sampun janji sang nata duk amiyarsi | sêmutên ingkang jaja ||

36. mukanira kadi wora-wari | sugal wau pangandikanira |

--- 17 ---

wus milalah kaya kiye | jagat kudu arêtuh | wong mangkana arêp dadyaji | hèh sagung pra dipatya | kapriye budimu | mangkene lakune jagat | sarwi rawat waspa wau sri bupati | saking kakuning driya ||

37. iya ujêr ta kudu kumaki | tate aprang ngalahake paman | Adhi Buminata kiye | agung dèn uwus-uwus | mêngko arêp wani ing mami | dhingin ingsun pinêksa | yèn kala kaburu | agung angungsi maring wang | tanpa rowang sun kukup ingsun tulungi | sun ulihakên bawah ||

38. nuli waras dadi uwong malih | sun tambuhana kelangan lêndhang | pinênthung wong desa bae | mêngko kudu kumingsun | pikir jajalanat dèn goni | bocah kudu kumêthak | kumewat kumingsun | wau kang para dipatya | para mantri akathah waspa drês mijil | mulat ing gustinira ||

39. Pangran Pakuningrat awotsari | dhuh pukulun sampun age duka | dipun tambêt dipun sarèh | dèn asabar dèn samun | sampun môntra-môntra yèn runtik | sang nata angandika | lah ta bênêr iku | Adhi êmas Pakuningrat | ngarah apa wong tuwa wus duwèknèki | momot apura sabar ||

40. Sindusastra lah sira pribadi | akanthia wong loro kaparak | ing jro iya kaliwone | Ki Mukyadin tinuduh | karya surat badhe lumaris | dhawuh marang kang putra | pangeran puniku | Dipati Mangkunagara | wusnya dadya sinung kang badhe lumaris | Tumênggung Sindusastra ||

--- 18 ---

92. Pangeran Mangkunagara èstu pethal kalihan ingkang rama Sunan Kabanaran, lajeng perang rebatan bawah

41. kunêng wau lampahe dutaji | kawuwusa kang baris Barija | Pangran Mangkunagarane | wus dadya ingkang rêmbug | ingkang paman wau jurungi | Pangeran Purubaya | sagah kang ananggung | wilalate ingkang rama | jroning aprang kang nanggung ing tulak sarik | Pangeran Purubaya ||

42. sami eram sagung pra dipati | garundêle Pangeran Purbaya | wong arêp ingan jatine | yèn ora karya kuwur | tan kalingan tiwasirèki | sampun jêlèh kang raka | têtulung bêbantu | tan ana undhakaneya | bok pinêcat pakaryane senapati | karuwan nora daya ||

43. adol sêngung sanggup anadhahi | gêrdakane Natèng Kabanaran | adol swara tanpa gawe | nadhahi raka prabu | yèn enjoha sayêkti uwis | mungsuh lan Arungbinang | agung dèn bêbujung | salawase durung mênang | ing sapisan-pisan apan durung odhil | agung kaponthal-ponthal ||

44. nadyan datan amawi Kumpêni | dipun ijèn kewala tan mênang | pinapakan prajurite | nyatus padha anyatus | sèwu sami dipun sewoni | sapisan durung mênang | puniku agêndhung | mring Pangran Mangkunagara | saguh wani anadhahana ing jurit |

--- 19 ---

ingkang raka jêng sultan ||

45. apan uwis anggon-anggonèki | lamun uwong kuwanène suda | mung jail kuwarisane | wau ta kang rinêmbug | badhe ngutus dhatêng Samawis | Tumênggung Janapura | andhandhang lumaku | kinanthèn kalih punggawa | Ki Tumênggung Suramangunjaya nênggih | lan Patih Kapurbayan ||

46. Ki Tumênggung Tirtawigunèki | binêkta kapal alus rong pasang | katri punggawa lampahe | sagung para tumênggung | punggawane kang rama sami | tinimbalan sadaya | mring Barija sampun | ingandhêg sami ngecanan | ing tyasipun binuja ing sabên wêngi | kasukan ôndrawina ||

47. Pangran Mangkukusuma akait | lawan Dipati Suryanagara | Tumênggung Môndarakane | samya minggat ing dalu | nusul dhatêng ing Pranaragi | kang kantun pra dipatya | jinagan ing dalu | Tumênggung Surawijaya | Pusparana Tumênggung Wiradigdèki | Tumênggung Dipadirja ||

48. lan Tumênggung Jayarata nênggih | Tumênggung Wirahatmaka lawan | Tumênggung Mangkuranane | lan Têgal Angun-angun | pan pêpitu kancane sami | Pangran Mangkunagara | wiwit angrêrayud | kabèh bawahe kang rama | tinêlukkên ing Kêdhu Pajang Matawis | padha jrih nungkul samya ||

49. amung bawahipun Sukawati | dèrèng nungkul pan andadi pêrang | nênggih Mas Rôngga mungsuhe | nèng Sukawati tugur | Brajadênta lan Brajamusthi | andina rêbat bawah | malih pra tumênggung | Tumênggung Surawijaya | inggatira angumpul mring Sukawati |

--- 20 ---

lajêng tumut agung prang ||

50. Pangran Mangkudiningrat jênêngi | lan kang Paman Pangran Purubaya | angirup wetan Mrapine | wong cilik bingang-bingung | wau para parentah kalih | gêgêdhuging lêlampah | kang sami ngrêrayud | wetan Bayalali samya | langkung rame andina-dina ajurit | sami Jawa pucungan ||

127. PocungTeks asli: Pucung.

1. lor lan kidul agênti buru-binuru | wadyane kang rama | para mantri pra dipati | yudanipun krêp unggul arang kasoran ||

2. ya ta wau lampahe katri tumênggung | kang maring Samarang | Tumênggung Janapurèki | lan tumênggung nênggih Suramangunjaya ||

3. lan Tumênggung Tirtanagara puniku | Patih Kapurbayan | lampahe amundhut nênggih | ing layone swargi Jêng Pangeran Arya ||

4. praptanipun Paterongan pan pinêthuk | kareta têtiga | kalangkung dipun kurmati | praptanira Samarang dêlèr wus panggya ||

5. sêratipun Pangran Mangkunagarèku | tinampan winaca | kadhadha raosing tulis | mundhut layon ingkang rama Pangran Arya ||

6. dhasaripun ing Samarang sampun rawuh | saking Batawiyah | kinurung sampun rêspati | tabêlane prayoga tumpang santosa ||

7. dutanipun sinungga-sungga kalangkung | tumênggung têtiga | pinintakkên nèng Samawis | tinalèdhèk sakalangkung sami suka ||

8. dhasar agung idêlèr pisungsungipun | mring duta punggawa | Tumênggung Janapurèki | lawan Ki Tumênggung Suramangunjaya ||

9. katrinipun [katri...]

--- 21 ---

[...nipun] Tirtanagara Tumênggung | lami nèng Samarang | gangsal dintên gangsal latri | nulya budhal saking nagari Samarang ||

10. ngajêng layon kudanira kawan atus | kang jajari dharat | kalih atus kanan kering | para kaum samya dhikir anèng ngarsa ||

11. budhalipun angin gora lindhu riwut | mêsês bayu bajra | prahara maruta tarik | tan kawuwus gangsal dalu anèng marga ||

12. Pangran Mangkunagara sigra amêthuk | bêkta kaum kathah | sidhêkah samargi-margi | têtawure gumêdêr samarga-marga ||

13. mangsanipun katiga mawi galudhug | sinalin punggawa | ingkang lajêng mring Magiri | têtindhihe lampah Dipati Janingrat ||

14. sapuniku Pangran Mangkunagarèku | langkung suka-suka | sukane layon duk prapti | ing pangrasa kadi rawuhira gêsang ||

15. sukanipun têtêp layon ingkang rawuh | mandah mênangana | kang putra prawirèng jurit | sugih bala akathah punggawanira ||

16. wangsulipun Pangran Mangkunagarèku | ing kalih onjotan | pangatêrira nèng margi | wangsul marang pasanggrahan ing Barija ||

17. praptanipun anyurtanah nigang dalu | lajêng mitung dina | gumuruh santri angaji | kêrig kaum kiwa têngên ing Barija ||

18. ya ta wau gantia ingkang winuwus | kang arêbat bawah | bang wetan ing Sukawati | Mas Rôngga lan Tumênggung Ranadipura ||

19. ing prangipun andina buru-binuru | akathah pêpêjah | Mantri Ngajêng Sukawati | Pranaraga têpis wiring kalêbêtan ||

--- 22 ---

20. Ki Tumênggung Mangkuyuda praptanipun | wong Matesih ika | kandêl punggawanirèki | ing Pangeran Dipati Mangkunagara ||

21. lajêng katur mring sang nata lamun mungsuh | manjing Pranaraga | Parang Wadung dèn anciki | kang anama Ki Tumênggung Mangkuyuda ||

22. sigra nuduh Surabrata kinèn magut | budhal saha bala | Tumênggung ing Pranaragi | gurawalan ing Parang Wadung wus prapta ||

23. lajêng campuh wong Pranaraga anubruk | mungsuh sami Jawa | sarta wontên kang ngidèni | mila wantêr prajurit ing Pranaraga ||

24. mungsuhipun amung kuda kalih atus | tigang atusira | wong Magêtan kang wus balik | tumut baris Ki Tumênggung Mangkuyuda ||

25. kang tinubruk mring Radèn Surabratèku | bêkta kêkapalan | kalih atus kang pinilih | lajêng campuh arame pan kari kathah ||

26. Ki Tumênggung Mangkuyuda wus kasambut | kathah kang kacandhak | wong Matesih akèh mati | Mangkuyuda pinocok utamangganya ||

27. wus malêdug ngisis sakarine lampus | Radèn Surabrata | wus wangsul mring Pranaragi | lan binêkta utamanggane punggawa ||

28. prapta katur langkung sukanirèng prabu | pinundhut kang sirah | ing ngayunan binukaglis | wêwadhahe kukusan kuping nêmbêlas ||

29. pra tumênggung sadaya kinèn andulu | sirah Mangkuyuda | irênge kaya kêlasi | jêjenggote binundhêl apalawangan ||

30. alon dangu wong têka ngêndia iku | sigra matur nêmbah | Kyai Kaji Tapsirodin | inggih

--- 23 ---

tiyang saking Matesih punika ||

31. malih dangu marang ing Radèn Tumênggung | Surabrata paran | pratikêlira ing jurit | matur nêmbah Ki Tumênggung Surabrata ||

32. barisipun ingkang wontên Parang Wadung | kirab badhe ngetan | ing lampah kawula silib | kula tubruk saking lèr barise bubrah ||

33. rencangipun sakantune ingkang lampus | larut asar-saran | angidul ngilèn pra sami | langkung suka Surabrata wus ginanjar ||

34. dhuwungipun kalih lawan carawangsul | kandêlan kêncana | ingkang jawi wrat satail | carabalèn wrat pitung tail mas tuwa ||

35. waosipun satunggal lan sanjata lus | bênting lan rasukan | ginadhang nama dipati | lamun wontên jayane sapisan êngkas ||

36. sirahipun kinon manjêr ngalun-alun | sigra pêparentah | Surabrata dèn bubuhi | rumêksaa anjajah nagri Kaduwang ||

37. ing Madiun Pangran Purwanagarèku | bubuhan rumêksa | jajahan kalih nagari | Kamagêtan kalawan ing Jagaraga ||

38. ya ta wau Pangran Mangkunagarèku | kalane miyarsa | bupatinira ngêmasi | Mangkuyuda pinocok prang Pranaraga ||

39. langkung bêndu dhasar miyarsa wêwadul | pun Ranadiningrat | lamun Rôngga Sukawati | anyumbari ing Pangran Mangkunagara ||

40. sakalangkung arsa ngawaki prang pupuh | anggitik Mas Rôngga | Kudanawarsa Dipati | aturira lan pra dipati sadaya ||

41. dhuh pukulun sampun angawaki [anga...]

--- 24 ---

[...waki] nubruk | dhumatêng pun Rôngga | kinêrigan pra dipati | kawan wêlas ginitik dalu kewala ||

42. wartanipun pêpêjahe tigang atus | lan pun Wirarana | prajurite kang pinijik | kalih bêlah kang sayêkti tumut pêjah ||

43. sampun rêmbug budhal dalu sêdyanipun | marga tan winarna | praptane ing Sukawati | têtindhihe Dipati Kudanawarsa ||

44. lajêng nubruk praptanira wanci bangun | Mas Rôngga alena | mung ngandêlakên prajaurit | binêdhilan sami kagèt bubar-bubar ||

45. ênggènipun kang têbih botên kasusu | kobêr sami dandan | lajêng têtulung ing jurit | langkung rame Mas Rôngga kagyat anendra ||

46. tangi nendra siyaga sagarwa sunu | arsa têtulunga | wontên prajurit tur pèksi | ingkang nukup Pangeran Mangkunagara ||

47. langkung agêng punika gêgamanipun | rêrepot sadaya | pan sampun kinèn rumiyin | kinon anjog margi dhatêng Jagaraga ||

48. lajêng wangsul lawan kuda têlung puluh | têtulung ing bala | panêmpuhe saking wingking | lajêng ngamuk akathah mêngsah kabranan ||

49. kathah lampus tambuh rowang tambuh mungsuh | dènnya prang kongsi byar | mundur sawadyanirèki | sarwi nangis Mas Rôngga Wirasêtika ||

50. mantrinipun kêkalih ingkang alampus | pun Wiradigdaya | dêmange tindak ngêmasi | satunggile Ki Dêmang Jurang Pamancal ||

51. liyanipun wong cilik mati sapuluh | miwah mungsuh kathah | kang kabranan [kabra...]

--- 25 ---

[...nan] kang ngêmasi | binabujung wus adoh malêbèng wana ||

52. mundur wangsul wau kang sami bêbujung | kèndêl Kuwadungan | anarubakên wong cilik | pêparentah Dipati Kudanawarsa ||

53. Ki Tumênggung Ranadipura tinuduh | ingkang ngayomana | kabèh tanah Sukawati | sigra budhal Dipati Kudanawarsa ||

54. ingkang kantun Sukawati dèrèng tarub | sakilèn bangawan | wontên sakawan bupati | dadya kontit sor prange Ranadipura ||

55. kang lumayu Mas Rôngga sabalanipun | praptèng Pranaraga | katur marang sri bupati | prapta risak Mas Rôngga Wirasêtika ||

56. langkung ngungun adangu panjêtungipun | wau praptanira | kang saking ing Sukawati | kang wus pasthi lamun saèstu baliknya ||

57. sang aprabu enjing siniwèng wadyagung | pramônca punggawa | aglar manggalaning jurit | rôngga dêmang ngabèi sêntana putra ||

58. sang aprabu pêparentah ing wadyagung | padha ngèstokêna | Dhimas Buminata mangkin | sun lihakên aran Dipati Bintara ||

59. ing samêngko kang dadi warananingsun | sakalane siyal | Si Mangkunagara iki | iya Dhimas Ariya Natakusuma ||

60. aduwea iya sor-sorane têlu | ing jêro satunggal | Si Rôngga ing jaba kalih | ingkang têngên iya Adhi Pakuningrat ||

61. wadanane wong gêdhe dènira lungguh | sosoran kang kiwa | iya wadana Panumping | pan Si Adhi Dipati Suryanagara ||

62. duk puniku lajêng tari

--- 26 ---

pra tumênggung | paran ing pratingkah | apa iya sun têtêpi | rêmak-rêmpu ana ing môncanagara ||

63. nêmbah matur Pangran Natakusumèku | anuwun dêduka | yèn ngarsakna padukaji | anêtêpi anèng ing môncanagara ||

64. ing tyasipun abdi dalêm sadayèku | kadya sinasaban | ing jêmbangan langkung sêdhih | agêng alit pra samya awuyung ing tyas ||

65. saminipun aprang pan mêmpên pukulun | têgêse kabêtah | sampun kapêpêtan buri | sanès lawan inggih wontên Kabanaran ||

66. malihipun andêl paduka pukulun | wong Pajang Mataram | dene wong môncanagari | dèrèng manjing tyase wong môncanagara ||

67. sang aprabu pangandikanira arum | payo pra dipatya | padha rasakna sayêkti | bênêr êndi pikiringsun lan adhi mas ||

68. sami matur pukulun salêrêsipun | lêrês rayi tuwan | Pangran Natakusumèki | abdi dalêm inggih makatên sadaya ||

69. pangran prabu gumujêng ngandika arum | iya yèn mangkana | ingsun budhalan saiki | rêbut papan ing tanah Pajang Mataram ||

70. iya iku Dipati Cêbolang iku | sun tuduh ngetana | nèng Wirasaba Kêdhiri | akanthia kabèh wong môncanagara ||

71. mung Madiun mangulon bubuhanipun | lan Si Jagaraga | Warung lan Si Balorèki | bubuhane ing karya ngetan kewala ||

72. tan kawuwus wusnya amatah ing laku | sang nata budhalan | saking nagri Pranaragi |

--- 27 ---

mring Madiun wadyane kadya hèrnawa ||

73. wadyanipun prajurit jro maksih wuwuh | mung para dipatya | kang saking Kêdhu pra sami | sami suda wus lami dènnya kaponthal ||

74. pra tumênggung kang umiring sang aprabu | taksih sami wêtah | praptèng Madiun sang aji | kaèbêkan saking gungê wadyakuswa ||

75. gantya wau tanah Pajang kang winuwus | kang arêbat bawah | sawetan wukir Mêrapi | wong Kamangkunagaran agung kaponthal ||

76. malah sampun mêmacak para tumênggung | urut Kuwêl samya | ingkang pinacak bupati | pamrihipun akuwata rêbut bawah ||

77. nora ngimpi Panajung dadi tumênggung | sok silih rosaa | iya rêbut bawah dadi | wong Panèkêt Sêtrayuda ing Ungaran ||

78. wus jinunjung saking kathah sanakipun | sura ing ngayuda | wus sinung namanirèki | pun Tumênggung Suradikrama Ungaran ||

79. dadya bingung wong cilik keron kalangkung | tambuh piniliha | karo-karo padha gusti | dadya sira rêbut tangguh ing wasana ||

80. kang winuwus wau nagari Madiun | Pangran Martalaya | punika ingkang ngêmasi | anakipun satunggal jalu wus dadya ||

81. anakipun akathah kang wadon iku | kang jalu satunggal | Mlayakusuma namèki | sampun dadi Bupati anèng Caruban ||

82. milanipun karsanira sang aprabu | nênggih ingkang putra | wau pangeran dipati | waris saking ibu Madiun nagara ||

83. dadya wau kang putra sampun tinandur | Madiun Kanoman | kang mi

--- 28 ---

nôngka angêmbani | Kasêpuhan Pangeran Purwanagara ||

84. sang aprabu wus budhal saking Madiun | wadyane bêlabar | angêbaki wanagiri | busananing prajurit awarna-warna ||

85. praptanipun anèng Bayêm akêkuwu | wadya amèt papan | wong duta atur upêksi | saka Wiranagara sarta Cêbolang ||

86. surat katur binuka sinuksmèng kalbu | nênggih tur uninga | Kumpêni ing Surawèsthi | lan Maduntên inggih mring môncanagara ||

87. langkung agung pan inggih dêdamêlipun | Japan Wirasaba | ingkang sampun dèn anciki | kawan dalu mêngsah anèng Wirasmara ||

128. Asmaradana

1. palajênge tur upêksi | inggih dhatêng Pasêdhahan | abdi dalêm ingkang kawon | gih pun Japan Wirasaba | kula nuntên lumampah | kagungan dalêm pukulun | nagri Japan Wirasaba ||

2. pan sampun karêbat malih | rame gèn kawula aprang | langkung kathah pêpêjahe | sang nata suka miyarsa | lajêng kintun ganjaran | lan aparing angsul-angsul | lampahê duta tinulak ||

3. parentah sri narapati | maring sagunging jajahan | dèn padha polatan kabèh | yèn ana katêkan mêngsah | aja prang yèn kabotan | dèn enggal awèha wêruh | kang pra dipati amônca ||

4. mangkana ingkang winarni | Kamagêtan binantonan | prajurit ingkang prapta kèh | wadya Kamangkunagaran | sigra atur uninga | binantonan kang lumaku | Radèn Arya Jayèngrana ||

--- 29 ---

5. lawan kinon ananduri | Rahadèn Mangunkusuma | saking Bayêm budhal age | sapraptanira Magêtan | lajêng campuh ngayuda | bêdhib-binêdhilbêdhil-binêdhil. gumuruh | arame sami suranya ||

6. acaruk rukêt ing jurit | sor titih prajuritira | kamuk rinukêt bubare | prajurit Mangkunagaran | banderane kabandhang | miwah waos sanjatèku | lan turôngga kèh kabandhang ||

7. caruk santananirèki | Rahadèn Mangunkusuma | kang anandur uwal age | barisan Bayêm wus prapta | Ki Arya Jayèngrana | kalawan sakancanipun | katur ngaturkên bandhangan ||

8. langkung suka sri bupati | pinaringkên kang bandhangan | ingkang antuk sadayane | mangkana wau sang nata | saking ing Bayêm budhal | masanggrahan Tèmpèl Jimbun | wadyagung apamondhokan ||

9. wontên kang atur udani | yèn nagari Jagaraga | nênggih wontên bêbantune | prajurit Mangkunagaran | prajuritipun kathah | nênggih kêkalih tumênggung | sang nata wau miyarsa ||

10. Kyai Kaji Tapsirodin | Suranata wolung dasa | Marja Mukyadin kanthine | saking Tèmpèl Jimbun budhal | prajurit Suranata | datan luwih pitung puluh | arsa nusup Jagaraga ||

11. praptanira bangun enjing | prajurit manjing nagara | lajêng mangsah mungsuh kagèt | sami kasusu wêdalnya | lajêng campuh ngayuda | arame nèng ngalun-alun | ingamuk wong Jagaraga ||

12. bubar sami aningali | mungsuhe dudu wong jaba | wêruh lamun prajurit [prajuri...]

--- 30 ---

[...t] jro | mila mawur asar-saran | akèh tinggal dandanan | kèh kabandhang kudanipun | tambur bêndhe myang bandera ||

13. mungsuh mawur sampun gusis | Kaji Tapsirodin sigra | wong bumi tinarubake | wontên bêkêl desa rosa | pinacak pinasrahan | Surayuda namanipun | kumpul kuda pitung dasa ||

14. binêkta marang ki kaji | bubar saking Jagaraga | prapta pasanggrahan Tèmpèl | katur maring sri narendra | kalangkung sukanira | pinacak nama Tumênggung | Surayuda sinung nama ||

15. têtêp anèng Saosragi | Tumênggung Suradipraja | dadya pangarsa lakune | wus wuwuh prajuritira | kalih bêlah turôngga | budhal saking Tèmpèl Jimbun | sang nata sawadyanira ||

16. sadintên dènnya lumaris | sang nata sawadyakuswa | prapta tanah Bumi Murong | ing Kunir wastaning desa | sang nata masanggrahan | anganti carakanipun | Ki Tumênggung Sindusastra ||

17. kalih dalu anèng Kunir | praptanira Sindusastra | katur surat wêwangsule | Pangeran Mangkunagara | dene Ranadipura | kiyai mêksa amundhut | amopo Ranadipura ||

18. lampahe tan antuk kardi | Ki Tumênggung Sindusastra | sampun têtela balike | lir sêsulung dutanira | marang Dêlèr Samarang | miwah dêlèr dutanipun | wira-wiri ingkang prapta ||

19. wuwusên Dêlèr Samawis | siyaga kapraboning prang | ngundhangi pra dipatine | kang sami badhe binêkta | Lèpèntangi ing Kêndhal | Batang Pamalang lan Kudus |

--- 31 ---

kalawan Têgal Kanoman ||

20. lawan ing Dêmak satunggil | wolu kang para dipatya | kawan atus Kumpênine | kang pêthak dene kang Islam | dhomas wolung kapitan | lan sakèhe kadangipun | Pangeran Mangkunagara ||

21. sakawan jalu pra sami | kang sêpuh sampun anama | Pangran Tirtakusumane | nanging kasêbut akathah | nênggih Pangran Pancuran | duk anèng Batawinipun | wismane anèng Pancuran ||

22. nulya wau ingkang rayi | Rahadèn Warihkusuma | nulya Toyakusumane | arine Ranukusuma | sampun jangkêp sakawan | kang badhe binêkta nglurug | mukul Natèng Kabanaran ||

23. nanging sawêg angantosi | bupati pasisir samya | dèrèng sampun dandanane | lan dêlèr wêktu punika | kathah kang ngingu magang | magang mantri pitung puluh | ngangkah kabupatèn samya ||

24. ingkang magang akèh mantri | nênggih satus tigang dasa | badhe sinung gêgamane | sanjata lus karbin samya | jangkêp ingkang sanjata | amung waos pitung puluh | pinundhutkên pra dipatya ||

25. para dipati pasisir | waos sulam gêrandim mas | sami cêmêng landheyane | punika kang dèrèng pêpak | milane ingantosan | kunêng malih kang winuwus | kang wontên Murong barisnya ||

26. tanah Murong dhusun Kunir | Sri Bupati Kabanaran | lagya anata balane | pra dipati ingandikan | kang sami munggèng ngarsa | sang nata ajunjung-junjung | mring wadya ingkang prayoga ||

--- 32 ---

27. wontên abdinira lami | nging maksih mantri kewala | pun Dêmang Panatasingron | mangkya kinarya punggawa | sinungan bawah kathah | pinaring nama tumênggung | Tumênggung Wrêksanagara ||

28. sinung panêkaring mantri | kanthi angêlar jajahan | pêpitu kônca mantrine | Ki Ngabèi Gupit Tôngga | punika mantri tuwa | lan Dêmang Sura Ngun-angun | Dêmang Têgal Pangalapan ||

29. lan Ki Dêmang Jurang Tawing | Ngabèi Ranadigdaya | Rôngga Mênus Rôngga Laro | Ngabèi Jayasêngkala | tinuduh angêlara | jajahan saurutipun | Matesih sapangidulnya ||

30. budhal maring Murong aglis | Tumênggung Wrêksanagara | prajurit kêkapalane | kumpul lawan satus lagya | wus ngancik Pacangakan | sapangilèn sapangidul | tinarubakên sadaya ||

31. wong wêtan taksih nadhahi | ing prang wong Matesih samya | atumut mantri jêrone | kêkalih kang sami têngga | mantri jro kang nanggulang | ing yudane ki tumênggung | nanging karoban ing mêngsah ||

32. piniluta sampun kêni | nungkul mantri jro kalihnya | marang sira Natasingron | Tumênggung Wrêksanagara | sigra dènnya utusan | mring Murong ngaturi wêruh | mring Pangran Natakusuma ||

33. yèn Matesih sampun wradin | mantri jro kalih kang têngga | wus sami nungkul kalihe | wasta pun Jayakaspita | lan pun Jayaprayitna | bêndara nuntêna katur | ing raka paduka nata ||

34. Pangran Natakusuma glis | sowan ingaturkên [ing...]

--- 33 ---

[...aturkên] sigra | surate Panatasingron | sang nata trustha wardaya | mantri jro nungkul samya | kinintun ganjaranipun | bênting cindhe topok renda ||

35. lawan pinaringan lampit | nguni nyèkêt lungguhira | kinarya nyatus ing mangke | benjang yèn tulus karyanya | ginagadhang punggawa | mangkya pakaryaning pupuh | nunggila Wrêksanagara ||

36. wus jêmbar jajahanèki | praptèng kidul Sumêdhangan | ing Ngutêr Aribayane | Nglarog ingkang maksih bôngga | malih ingkang winarna | wontên Mêrapi kang tunggu | punggawane tinimbalan ||

37. wus praptèng Murong pra sami | anggawa saprantinira | praptane ing pakuwone | Pangeran Natakusuma | sigra ingirid seba | sang nata miyos têtarub | sawadya prajurit aglar ||

38. Pangran Natakusumèki | ngaturkên kang wau prapta | Tumênggung Dipadirjane | Tumênggung Surawijaya | miwah samantrinira | winiji-wiji dinangu | ing Lumbu Sutawijaya ||

39. pun Martawijaya Pêngging | ing Lungge Sêtradinôngga | Surawijaya Mantrine | akathah kang winastanan | nênggih Surawijaya | ingalih jêjulukipun | Ki Tumênggung Alap-alap ||

40. Sutawijaya ingêlih | Ngabèi Jayanagara | Sêtradinôngga ing Lungge | Ngabèi Wiranagara | Barèngan Sutawirya | Kêmanukan namanipun | Angabèi Kartarêja ||

41. ing Pêngging namanirèki | Angabèi Suradirja | Kapadan Kartadadine | Giyanti Dêmang Karangrang | Danupati ing Langkap | ing Maja Singadirjèku |

--- 34 ---

Sura Dêmang Awijaya ||

42. Dêmang Sukup manirèki | ing Têlawong Katawêngan | wus jangkêp mantri salawe | Mantrinira Alap-alap | urut Pêngging kewala | ing bang kidul mantrinipun | Ki Tumênggung Dipadirja ||

43. sadaya sami ingalih | urut Jatinom sadaya | Ranupati ing Gêdarèn | ing Galagah Ônggajigja | Sindupati Karajan | Puluh pan Côndrasurèku | Jungkare Suralêgawa ||

44. Kalalung Martanatèki | kadang wargane sadaya | Tumênggung Dipadirjane | kinèn têngga bawahira | wetan Marapi samya | aprang andina arêbut | bawah aganti kasoran ||

45. akathah ingkang pêpati | anênggih wêktu punika | patining wong tanpa gawe | wong sajagat ngungun samya | iki pratingkah apa | nadyan mungsuh sami ngungun | wong tuwa ing Surakarta ||

46. èstu gunaning Kumpêni | kalawan rosaning brana | têka anut kang cinorok | Pangeran Mangkunagara | winastan kêkandhangan | sikara ing lêbur dawur | ambubrah tindak wus enak ||

47. kang tugur wetan Marapi | wadya Kamangkunagaran | andina yudane kasor | wus kaêkup bawahira | Jatinom sapangetan | Jurangjêro turutipun | kalèyèk agung rinupak ||

48. jajahane sami tipis | nulya binanton santana | Pangeran Purubayane | lan Pangran Mangkudiningrat | sakawan pra dipatya | Tumênggung Surawinangun | Tumênggung Surawikrama ||

49. kathah ingkang para mantri | dêdamêlipun [dêdamêlipu...]

--- 35 ---

[...n] akathah | tinadhanan aprang lèrès | Ki Tumênggung Alap-alap | Tumênggung Dipadirja | ngèrèk miring yudanipun | nanging tan purun bujunga ||

50. wau pangeran kêkalih | lawan tumênggung sakawan | pakuwon kidul Talawong | Pangeran Arya Purbaya | Pangran Mangkudiningrat | Tumênggung Dipadirjèku | lan Tumênggung Alap-alap ||

51. kawratan atur udani | ing Pangran Natakusuma | lajêng katura sang satong | sang nata sigra parentah | mêmatah kang pinatah | marang Pêngging abêbantu | Pangran Dipati Bintara ||

52. nênggih santana kêkalih | lan Pangeran Pakuningrat | binêktan Mantri Pamijèn | kalawan sakancanira | Radyan Suraprameya | Ki Bênêr lawan Ki Bêndung | panèkêt sakancanira ||

53. nindhihi tumênggung kalih | Alap-alap Dipadirja | wus budhal saking ing Murong | lawan sang nata parentah | budhalakên pangarsa | Sukawati wetan kidul | liring Matesih Makajan ||

54. badhe dipun pasanggrahi | wadyagung apamondhokan | urut Karja Jamus kabèh | kèbêkan wadya narendra | wau kang bantu ing prang | mring wetan Marapi gunung | Pangran Dipati Bintara ||

55. gangsal atus kang prajurit | prajurit ingkang turôngga | nêmatus kabèh dharate | sapraptanira lèr taman | pra sami rêrêmbagan | Pangran Bintara andangu | mring têlike Dipadirja ||

56. yèn barising mêngsah mangkin | dados kêkalih barisnya | kang wetan lawan kang kilèn | ingkang wetan Pamutihan |

--- 36 ---

Pangeran Purubaya | dene ta tumênggungipun | Tumênggung Surawikrama ||

57. lawan Tirtanagarèki | katigane Cakrajaya | Tumênggung saking Pagêlèn | kang kilèn baris Kathithang | Pangran Mangkudiningrat | Tumênggung Surawinangun | Tumênggung Jayasudarga ||

58. dêdamêle apan sami | prajurite kêkapalan | kapara kathah kang kilèn | matur Pangran Pakuningrat | mring Pangeran Bintara | sampeyan kilèn puniku | kalawan wetan kewala ||

59. rayi Tuwan Purbayèki | puniku Dèn Mas Sutara | pêdhotan saking Pagêlèn | dilalah yèn kudu kalah | mungsuh Pangran Purbaya | paduka kilèn puniku | sami bandêl jêjêngkêran ||

60. Pangran Bintara nanggupi | akanthi lan Dipadirja | lan kalih dasa mantrine | wetan kanthi Alap-alap | lan mantri kalih dasa | wus dadya wau kang rêmbug | ing aprang ungkur-ungkuran ||

129. Pangkur

1. Ngabèi Jayanagara | lawan Wiranagara kang pangarsi | katiga Suradirjèku | kapalan kawandasa | sinambungan mantri miji sadasèku | Rahadèn Suraprameya | uwor sakancanirèki ||

2. kêkapalan tigang dasa | panèkêt saking Kaparak keri |Kurang satu suku kata: panèkêt saking Kaparak kang keri. Anggot Bênêr Tambak Bêndung | kumpul lan Wôngsaprana | catur jarak alah uga mangkonèku | kinarya mantri sadasa | nanging samya mantri miji ||

3. saking Pêngging sampun budhal | wanci bangun tan adangu wus prapti | lèr kali kèndêl sadarum | lawan ngêntèni êbyar | nora suwe pangajêng

--- 37 ---

nabrang mangidul | byar kathah wong nunggang jaran | sami têtakèn priyayi ||

4. saking ing pundi punika | dene enjing pun apanggih kiyai | ana kang gêlêm sumaur | nukup têka ing Sima | wusnya nabrang wau kuda pitung puluh | jujug pasanggrahanira | Pangeran Purubayèki ||

5. lajêng kukuk ngamuk samya | wong Saragni Kapurbayan wus tangi | lagya wontên wong sapuluh | bubar pating balasar | pangerane gugup dharodhog lumayu | gègèr kapusus busêkan | gumrubyug pating jalêrit ||

6. kèh mati akèh kabranan | pangerane lumayu karo nyamping | cinangking wangkinganipun | ical sabuk nèng marga | binêdhilan anggêndring palayunipun | dandanan kèri sadaya | katuju kalangan kali ||

7. Tumênggung Suradikrama | wus kacandhak rinampog angêmasi | para mantri kathah lampus | Pangeran Purubaya | pan inguwuh mandhêga Purubayèku | kaya dudu anak raja | lumayu wêdi ngêmasi ||

8. mung bisamu kajailan | pêpêdhotan lan Arungbinang ngucir | mung gunamu gawe rêtu | ngojok-ojoki ala | gawe bênggang bapa lan anak sirèku | aprang dhewe nora daya | mung jail pangawak iblis ||

9. wong duraka Purubaya | kari gundhil saking wêdining mati | lan duraka kadang sêpuh | gonira adol ombak | mring kang putra Pangran Mangkunagarèku | sagah nadhahi ngayuda | lan nadhahi

--- 38 ---

walatnèki ||

10. mring raka Natèng Banaran | mangkya prapta walat amilalati | dene swaranira umung | kapiyarsèng akathah | mèh kacandhak nêmahi ing aprang pupuh | wurunge palastra nora | wurung dunyane anggundhil ||

11. wau kang wus unggul ing prang | lajêng sami ngilèn kang taksih jurit | Kaki Bênêr kang kêtlanjur | kadohan ing pambalang | Pangran Mangkudiningrat ing yudanipun | mundur miring maksih kathah | prajurite kang ngampingi ||

12. Ki Bênêr kalojok lampah | binalêdig ing mungsuh mingêr aglis | wus anunggil kancanipun | pinêthuk tinulungan | Pangran Mangkudiningrat prajuritipun | akèh pêjah kèh kabranan | lorode kèndêl garidhih ||

13. wau kang wus mênang aprang | pirêmbagan kèndêl sami nèng Pêngging | kinumpul sadayanipun | sagung raja bêrana | myang sêntana tambur bêndhe-waos dhuwung | bèri kuda myang bandera | badhe katur mring sang aji ||

14. budhal Pangran ing Bintara | Pangran Pakuningrat sapara mantri | tumênggung kalih kang kantun | sapara mantrinira | Alap-alap lan Dipadirja kang kantun | barise sami amêncar | gêlar mrih lindhunging jurit ||

15. wau kang kasor ing yuda | katur marang Pangeran Adipati | Mangkunagara angungun | kalangkung dukanira | dyan têngara kumêrab prajuritipun | budhal angawaki yuda | dènnya mrih tumênggung kalih ||

16. Alap-alap Dipadirja | kalih arsa pinukul dèn awaki | Tumênggung kalih [ka...]

--- 39 ---

[...lih] angrungu | ngilang amung pacalang | para mantri sakawan turôngga satus | mindha-mindha anèng dhadha | tumênggunge kanan keri ||

17. Ki Tumênggung Dipadirja | ngilèn mêncar marang wukir Marapi | angidul jog Puluhwatu | ngetan anjog ing wuntat | Alap-alap mangetan Wanakartèku | wau dènira sêluman | mangidul anjog ing Baki ||

18. wau ta dêdamêlira | Pangran Mangkunagara kang pangarsi | mantri sakawan kang mêthuk | nèng Piji gènira prang | kuda satus sakawan banderanipun | prang lèrès mangalèr samya | binabujung tinut wuri ||

19. tinut wuri barisira | Pangran Mangkunagara maksih ngusir | kênèng gêlar kuda satus | puniku tinut wuntat | kidul sami kèndêl pasanggrahanipun | mungsuhe ngilang mring wana | wus datan ana kaèksi ||

93. Kumpeni dipun biyantu Pangeran Mangkunagara badhe ngantep perang kalihan Sunan Kabanaran

20. wau Pangeran Bintara | Pangran Pakuningrat lan mantri miji | praptèng Murong lajêng katur | aprang panukupira | sapratingkahira ing ngayuda katur | bandhangan brana busana | waos bandera lan bêdhil ||

21. lawan sira ing punggawa | Ki Tumênggung Suradikrama nênggih | langkung suka sang aprabu | wontên kêdhik mêsgulnya |

--- 40 ---

ingkang rayi Pangran Purbaya barundhul | asusah kaparèng suka | kapok kakang rayi jail ||

22. ing ngayuda nora daya | yèn ing pikir ngalênthar nora titi | yèn aja sutane ratu | sayêkti tanpa karya | wau sagung bandhangan wus kinon andum | sadaya kang sami angsal | kinon bage kang waradin ||

23. wus dinum sakancanira | sri narendra budhal saking ing Kunir | lajêng barisira ngidul | wadyanira balabar | kèndêl dhusun Kamajan duk tigang dalu | wontên duta ingkang prapta | Sêcadirana namèki ||

24. êmbane Ratu Bêndara | surat ingkang saking Mangkunagari | lajêng katur sang aprabu | tinampan tinupiksa | ngaturakên nênggih sêmbah bêktinipun | ping kalih atur uninga | inggih pun Dêlèr Samawis ||

25. badhe mukul ing sampeyan | dêdamêle dhomas Kumpêni putih | Bali Bugis kalih èwu | wêrti bêkta Madura | bupatine pasisir sanga pukulun | kawula nuwun parentah | paran karsa padukaji ||

26. kula punika kênia | sampun kongsi sowan ing padukaji | kula ladosi pukulun | saking têbih kewala | rêmak rêmpu dipun abêna lan mungsuh | amung jrih sowan kewala | pêpanggih paduka aji ||

27. pun dêlèr dêdamêlira | sampun mijil saking nagri Samawis | wontên Ungaran pukulun | panganjur Salatiga | sampun titi duta kinèn mondhok sampun | angantos wangsulan sêrat | sri narendra animbali ||

--- 41 ---

28. ing Pangran Natakusuma | pra santana lan sagung pra dipati | kabèh praptèng ngarsa prabu | samya kinon uninga | ing surate Pangran Mangkunagarèku | sang nata mèsêm ngandika | adhi pikirên kang bêcik ||

29. Pangeran Natakusuma | nêmbah matur botên kenging pinikir | yèn ing kawula pukulun | tan kenging ginaliha | sêrat lamis abanging lathi pukulun | langkung saking tan prayoga | paduka sutèng narpati ||

30. punika srat calawênthah | sru gumujêng ngandika sri bupati | kabèh kang para tumênggung | miwah kang pra sêntana | apa bênêr Adhi Natakusumèku | santana lan pra dipatya | sarêng umatur wotsari ||

31. inggih lêrês rayi tuwan | Pangran Natakusuma pan sayêkti | nanging paringa wêwangsul | sampun katawis duka | dipun sarèh ngarih-arih dipun alus | ing têmbung pan botên tumbas | gumujêng sri narapati ||

32. nimbali wong Suranata | Ki Mukidin kalawan Ki Mukyadin | Dul Wakit katiganipun | padha sira gawea | têmbung rèng-rèng mèh pangrêpa rakitipun | nanging dudu pangrêrêpa | dèn pajêg amurba titih ||

33. wong têlu padha gawea | dhewe-dhewe gon ingsun amangsuli | mring Si Mangkunagarèku | surat sami sinawang | wong têtiga sami damêl tan adangu | katur pinundhut katiga | satunggil kang dèn sênêngi ||

34. Ki Dul Wakit kang kinarsan | sampun kinon nênurun lurah carik | Tumênggung Sindusastrèku | katur wus ingêcapan |

--- 42 ---

tinimbalan duta Sêcadiranèku | êmbanê ratu bêndara | Tumênggung Juwana nguni ||

35. pinaring sêrat wangsulan | lajêng mangkat ngilèn anjog ing Kunthi | Pangran Mangkunagarèku | budhal ngidul sawadya | wus kacandhak wontên pasanggrahan Lêbu | lèr kilèn Ngasêm punika | surate katur ing gusti ||

36. gya tinampan tinupiksa | bêbukane alus luwês amanis | sigra dangu kang ingutus | kiyai kaya ngapa | pasêmone iya apa ora rêngu | matur pun Sêcadirana | rama tuwan ngusap wèni ||

130. Sinom

1. caraka matur wotsêkar | rama paduka sang aji | gusti datan mawi taha | ing solah tingkahing nguni | pangeran ngandikaris | iya iki suratipun | alus datan rêkasa | anglêr kaya banyu mili | têka ewuh iya ênggon ingsun duga ||

2. jêr bisa têmên wong ika | yèn uga ulah lêlungit | yèn anêpsu iya kaya | ing padha sadhela salin | nora tolih ing wuri | kaya iku patinipun | ing Kêdhu Mangkupraja | wus dadya punggawanèki | nora ketung nglunas ipe dhasar sanak ||

3. kalawan Tumênggung Jipang | punggawane milu sakit | iya Suradimênggala | luput thithik dèn patèni | yèku mulane wêdi | ingsun iki atêtêmu | pangeran wus utusan | prang Ungaran kang tinuding | nênggih Malang Sumirang lan Malang Dewa ||

4. ambêkta lêmbu sadasa | lawan turôngga sarakit | sarêng wau dènnya budhal | pangeran sawadyanèki |

--- 43 ---

ing baris Jawa prapti | ngriku pasanggrahanipun | ingkang minôngka pura | namane sampun ingalih | winastanan ing Sumarêjadimulya ||

5. wuwusên Dêlèr Samarang | HohêndrupHogêndrup (dan di tempat lain). budhalirèki | saking Ungaran gumêrah | langkung gêng dêdamêlnèki | bêkta mariyêm nênggih | sakawan tik-tak wêwolu | badhe angantêp yuda | lan Susunan Mangkubumi | kanthi lawan Pangeran Mangkunagara ||

6. tanggal sanga likur Ruwah | budhale saking Samawis | tanggal kaping kalih Siyam | ing Salatiga duk prapti | rêmbên angati-ati | nèng Salatiga kapêthuk | dutèng Mangkunagaran | ngaturkên suratirèki | Malang Dewa kalawan Malang Sumirang ||

7. surat tinampan binuka | têmbunge atur udani | yèn kiyai badhe prapta | inggih saking Pranaragi | mangke wontên Matesih | langkung gêng dêdamêlipun | kêrig Môncanagara | wiwit amukul ing jurit | rencang kula kang tugur sawetan arga ||

8. Marapi kang kula patah | inggih santana kêkalih | para bupati sakawan | pinukul dipun agêngi | pan wadya kula sami | kawon kathah ingkang lampus | inggih tumênggung kula | satunggil ingkang ngêmasi | lampah dika tuwan dipun aprayitna ||

9. Pangran Dipati Bintara | mangkya môngka senapati | inggih Paman Buminata | mangkya sampun salin ati | nguni tumut Kumpêni | kalangkung jêrih prangipun | mangke tumut kang raka | wartine kêndêl tan sipi | pan kinarya manggala pramukèng ngarsa ||

--- 44 ---

10. badhe sanggup purun ngadhang | lampahing baris Kumpêni | prajuritipun akathah | pinaring Môncanagari | prajurit kang turanggi | nênggih sèwu gangsal atus | tumênggunge sakawan | anigang atus turanggi | mila sagah purun ngadhang lampah dika ||

11. kuda kalih èwu dhomas | dharate samantên malih | pan panutupe kang surat | kintun kuda lawan sapi | dêlèr duk amiyarsi | angundhangi ing wadyagung | ing lampah dèn prayitna | yèn angambah kidul Tingkir | kang amukul badhe Pangeran Bintara ||

12. budhal saking Salatiga | dutane pangeran kalih | anyarêngi lampahira | wau kang baris Kumpêni | dêlèr parentahnèki | kinon anunggil gènipun | ing Pangeran Pancuran | yèn wus prapta Sala benjing | ingsun awèh srat wêwangsul mring pangeran ||

13. lampahing baris tinata | angambah sakidul Tingkir | wus dadi jajahanira | tumut marang Sukawati | pinacakan Bupati | Samarangan Bumi Sèwu | Caruban Bumi Sala | kèh pinacak para mantri | têtindhihe Tumênggung Tirtanagara ||

14. lan Ngabèi Tirtasura | Ngabèi Tirtayudèki | Ngabèi Tirtawahana | Tirtalêgawa miranti | badhe angriwuk sami | marang idlèr lampahipun | kapalan kanêm bêlah | kinathahan banderèki | warna-warna kang bandera salawe prah ||

15. lawan payung kalih dasa | anjirap sawetan margi | kukuk surak nêmpuh sigra | prang lèrès samargi-margi | yèn [yè...]

--- 45 ---

[...n] wani marêpêki | dèn mariyêm kawur-kawur | nanging sami malawang | angênginthil kanan kering | dadya bala Kumpêni eca lêlampah ||

16. ing Bayalali kèndêlnya | sadalu enjing lumaris | kang ngrêriwuk sakin kathah | wontên wetan Bayalali | wuwuh tumênggung kalih | lampah lan Dipadirjèku | rame prang turut marga | ing Gumpang kèndêlirèki | amakuwon dêlèr sakidul Nglaweyan ||

17. wontên dhusun Kabanaran | jêjêl dhusun kanan kering | sapangulon sapangetan | gumuruh kanggènan baris | wadyèng Surakartèki | Dipati Pringgalayèku | asêsuguh wus panggya | parêng dutane sang aji | Wadana Jro Tumênggung Puspanagara ||

18. duta Kamangkunagaran | sampun ingaturan tulis | wêwangsul Malang Sumirang | Malang Dewa sami pamit | salaminipun nunggil | Pangran Pancuran pan agung | duk anèng Salatiga | pitakèn samargi-margi | pratikêle kang rayi amangun yuda ||

19. Pangeran Mangkunagara | warata balanirèki | umatur kang tinakonan | cacahipun ingkang abdi | rayi paduka mangkin | tan prabeda lawan ratu | yèn rayi Jêng Paduka | Sang Prabu Surakartèki | yêkti kathah Pangeran Mangkunagara ||

20. kadi langkung kalih lêksa | balane ingkang turanggi | para tumênggunge kathah | Pangran Pancuran miyarsi | lan anggêping Kumpêni | wus ginawe kadya ratu | ana lingsêming driya | yèn kalakona pêpanggih | ingajenan angluwihi [anglu...]

--- 46 ---

[...wihi] kang sarira ||

21. dadya Pangeran Pancuran | kintun sêrat mring kang rayi | Pangeran Mangkunagara | aja kongsi apêpanggih | iya lawan Kumpêni | bok dhèwèke kênèng apus | aja kèh kaya ingwang | wus kasuwuk nèng Kumpêni | suratira binêkta Malang Sumirang ||

22. sapraptanirèng Barija | wus katur gustinirèki | angsul-angsul ingkang surat | saking Dêlèr ing Samawis | tinampan binukaglis | sarta amadhiamawi. kêkintun | asrêp wau tyasira | mirsa saguh ing Kumpêni | dènira jêng-ajêngan lawan kang rama ||

23. rêmbag angêlar jajahan | pangeran nuduh kang rayi | Pangeran Mangkudiningrat | kinon nacak Pranaragi | mangkya pra sami sêpi | mêtuwa ing Wukir Kidul | Pangran Mangkudiningrat | sawadyanira miranti | budhal saking Kusuma Rêdyadimulya ||

24. nulya lêt ing patang dina | Pangran Mangkunagarèki | budhal saking Sumarêja | ing lingsir kilèn lumaris | arsa anglanggar nênggih | mring kang rama yudanipun | nuju dina Jumuwah | tanggal sawêlasirèki | amarêngi Puwasa Je ingkang warsa ||

25. kèndêl dhusun Katêguhan | Pangran Mangkunagarèki | sakiduling Paserenan | makuwon sawadyanèki | kunêng gantya winarni | Hoêndrup ingkang Gupêrnur | kang makuwon Lawiyan | sowan marang sri bupati | manggihakên kang raka Pangran Pancuran ||

26. kalawan sakadangira | amung ambêkta upêsir | lawan kang para dipatya | mung bêkta magang sapalih |

--- 47 ---

Abraham marang wuri | sigra têdhak sang aprabu | nitih Ki Ulundêrsa | rasukan baludru wilis | songkok wungu gêmbaye jo nyampingira ||

27. rêspati dêdêg pidêgsa | kadya Prabu Maèspati | Risang Arjunawijaya | pasêmon wangunnya brangti | wus mijil saking puri | ginarêbêg wadyanipun | prapta salèr gêladhag | mung menggok angilèn kêdhik | tan adangu idêlèr sêlak katingal ||

28. kèndêl sang nata sakêdhap | mèh têdhak saking turanggi | dêlèr nyandêr jangan-jangan | tuwan têdhak saking wajik | tanggêl wasisan loji | saksana sarêng lumayu | lajêng sami angetan | sêsami ngrampak turanggi | praptanira ing loji dêlèr tumêdhak ||

29. amurugi sri narendra | gupuh sang nata nêdhaki | saking turôngga anyandhak | tabe rêrangkulan sami | aras-ingaras sami | sami jôngga iringipun | dangu jumênêng samya | majêng ngalèr angantosi | ing praptane wau Pangeran Pancuran ||

30. nulya kang para dipatya | mêndhak tarap nganan ngeringering. | praptane Pangran Pancuran | rasukan baludru wilis | akuluk jangkang abrit | nyamping ragi Bali sarung | têdhak saking turôngga | ingiring kabèh para ri | dêlèr ngawe sarwi matur ing sang nata ||

31. punika raka paduka | sang nata mêthuk sakêdhik | gapyuk sami sêsalaman | sawusnya kang raka aglis | angrangkul jangganèki | mingsêg-mingsêg awêtu luh | anulya ingusapan | ing saptangan [sapta...]

--- 48 ---

[...ngan] sutra kuning | kongsi dangu dènira adêg-adêgan ||

32. wong pasisir sami nyawang | ing pangeran lan sang aji | para mantri pra dipatya | sêsêmbènira ningali | ewuh dènnya ngarani | sang nata asalin wangun | kadya putra Cêmpala | duk ingangkat senapati | Radèn Dhusthajumêna prang Bratayuda ||

33. dêlèr kang minôngka Krêsna | dêdêge alus pasagi | kuciwa dadi Walônda | wong pasisir ting barisik | Pangran Pancuran iki | têka ewuh tangguhipun | milu kandhangan apa | dêdêge têka baluncing | iya apa ing sabrang apa ing Jawa ||

34. lamun ta wani moyoka | nadyan sabrangana iki | nora tumèmpèl satriya | dêstun têkèng Buta Cakil | Dêmang Gêndir Pênjalin | Ki Ngabèi Randhuwusu | lamun dadia rôngga | pantês Rôngga Walang Kolik | yèn Jawaa tumèmpèl ing ngêndi baya ||

35. lamun putra tanah Jawa | nora ana kang amirib | dene ibune Madura | sarigake ana ngêndi | rowane lunga ngênthir | ringkese têka ngalumpuk | datan muwuhi kojah | yèn ngandika wuwuh mamrih | swara kadya wong wadon gêring rong wulan ||

36. êmbuh gone tinêmua | satriya mangkene iki | mila wong pasisir samya | panyawange anitèni | padha ngrungu kalêsik | duk arsa jinunjung ratu | nanging môngsa têmêna | mêmurih êlok sathithik | mrih gêrago wong agung kang mangun aprang ||

37. manjing loji

--- 49 ---

pilênggahan | idêlèr lawan sang aji | tuwin Pangeran Pancuran | lawan ingkang para ari | dêlèr matur sang aji | tuwan sunan lamun tamtu | eling raka paduka | Pangeran Mangkunagari | kêna dipun arêp-arêp tanah Jawa ||

38. kadi enggal raharjanya | inggih ing nagari Jawi | nanging sumêlang kawula | kula ajêngakên jurit | lan rama tuwan nênggih | Mangkubumi wus pinunjul | prawira ing ngayuda | untung ilang bêlum pasthi | rama tuwan prajurit môndragunèng prang ||

39. sumbagèng rat wirotama | angadoni jayèng jurit | raka paduka Pangeran | Dipati Mangkunagari | rêbat bawah wadyèki | agung pra sami kaburu | para Tumênggungira | Mangkunagaran kèh mati | mila kula ing susah têtulung yuda ||

40. dhatêng raka jêngandika | Pangran Mangkunagarèki | pan sampun ajêng-ajêngan | rama paduka ing mangkin | sampun wontên Matesih | wadyanipun sampun agung | ngêrig môncanagara | baris Matesih ing Bangsri | balanipun anggambuh ngêlar jajahan ||

131. Gambuh

1. sigra wau gupêrnur | sawusnya bisik marang sang prabu | pamit mundur marang pakuwonirèki | sakidul Nglaweyanipun | nêm dalu makuwon kono ||

2. pangeran dutanipun | Jayakintèki bêkta sêsuguh | bêras bèbèk salawe lêmbunirèki | lan ayam sapuluh pikul | bêrambang bawang lan êndhog ||

3. kalawan suratipun | tuwan idêlèr arsa têtêmu |

--- 50 ---

Pangran Mangkunagara sêmaya kêdhik | sêdhêng campuh aprang pupuh | agampil besuk patêmon ||

4. kiyai bakal magut | balane padha nglarag mangidul | badhe Ngutêr gèn kawula anadhahi | lah tuwan awèha wêruh | yèn kala tuwan makuwon ||

5. dipun prayitnèng kewuh | apan kiyai darbe panukup | tukang nukup tumênggungipun kêkalih | amêthèk wong kawan atus | damêle nukup kemawon ||

6. tuwan sayêktinipun | sampun lêt têbih pakuwonipun | arêm-arêm Pangran Mangkunagarèki | saking lumuh atêtêmu | milane agung ngalap sor ||

7. mangkana budhalipun | saking Laweyan tuwan gupêrnur | ngidul ngetan kèndêl Paserenan sami | idêlèr sabalanipun | ing ngriku dènnya makuwon ||

8. pangeran ênggènipun | nèng Katêguhan sakidulipun | ing Serenan kasompokan lan Kumpêni | mingêr ngetan barisipun | makuwon dhusun ing Pojok ||

9. gunêm ing sabên dalu | lawan sagung ingkang pra tumênggung | kang ginunêm ora tumuli nêmoni | bêcik kang êndi ta iku | riyon kang sami tinaros ||

10. tan ana ingkang kumpul | pating balêsar ing rêmbagipun | Danawarsa lan Jayaningrat Matawis | botên panggih rêmbugipun | dene bupati kang roro ||

11. Suramangunjayèku | lawan Tumênggung Janapurèku | rêmbagipun sami kêdah amanggihi | sampun tanggêl barang [ba...]

--- 51 ---

[...rang] laku | ing pikir pan maksih riyon ||

12. ya ta wau sang prabu | undhang ing bala siyaganipun | karsanira nênggih karya marêpêki | ngrupak jajahaning mungsuh | wus budhal saking ing Murong ||

13. sawadyagung mangidul | prapta ing Krêja Kamajan Jamus | tigang dalu masanggrahan sri bupati | lajêng budhale mangidul | tanah Matesih makuwon ||

14. ing Bangsri dhusun agung | wadya prajurit pangarsanipun | ngêlar-êlar ing jajahan kanan kering | punggawa pangarsa kidul | Ki Tumênggung Natasingron ||

15. lawan sakancanipun | sagung pra mantri ingkang panganjur | pangidule ing kali Jalatah prapti | jajahan mêngsah kapikudkapikut. | mring Tumênggung Natasingron ||

16. ya Wrêksanagarèku | wantêr arikat tanaganipun | ngorak-arik yèn ora ana prajurit | Kudanawarsa asung wruh | yèn Tumênggung Natasingron ||

17. wus ngancik Barawatu | pangeran langkung dènira bêndu | budhal saking Pojok sawadya ngawaki | kumêrab wadya anggrêgut | duk miyarsa Natasingron ||

18. pangeran badhe mukul | sigra ngoncati budhal ing dalu | sakancane mung tilar mantri kêkalih | wontên kuda pitung puluh | jaga ngawali kemawon ||

19. pangeran praptanipun | kapanggih suwung ing Barawatu | amung wontên pitung puluh kang turanggi | binujung marang panganjur | palayune ngèrèk ngulon ||

20. dadya nèng Barawatu | Pangeran Mangkunagara sampun | masanggrahan [ma...]

--- 52 ---

[...sanggrahan] lan sagung wadya prajurit | lan sagung punggawanipun | wus tata dènnya makuwon ||

21. sigra dadèkkên rêmbug | mring Paserenan dêlèr gènipun | ingaturan anggitik mungsuh tumuli | gampil ing benjang yèn sampun | mungsuh sirna atêtêmon ||

22. dêlèr apan nênurut | saking Serenan budhal gumuruh | nabrang ngetan sagunging bala Kumpêni | ngetan ngalèr lampahipun | sarêngan dènira bodhol ||

23. kang saking Barawatu | budhal angalèr wadya gumuruh | wus katingal lampahe baris Kumpêni | Mangkunagaran kadulu | saking doh sarêng mangalor ||

24. lampahing duta agung | awira-wiri mantri jronipun | kang ingutus maring barising Kumpêni | Sumêdhangan praptanipun | baris Kumpêni makuwon ||

25. pangeran barisipun | anèng ing Wera sabalanipun | pasang rakit pangarsa myang kanan kering | wus cêlak ênggoning mungsuh | nèng Bangsri kang para katong ||

26. pangeran wus ingutus | atur sugata marang gupêrnur | lan matêngkên rêmbag pamukuling jurit | lawan idlèr wus sarêmbug | ing samôngsa ngasmarèng don ||

132. Asmaradana

1. punggawa pangarsa sami | balane Natèng Banaran | Tumênggung Panatasingron | nênggih pun Wrêksanagara | prapta sakancanira | tur uninga lamun mungsuh | dêlèr baris Sumêdhangan ||

2. Pangran Mangkunagarèki | baris wetan Sumêdhangan | dhusun ing Wera ênggone | têbah saonjotan [saonjo...]

--- 53 ---

[...tan] kidang | saking baris Walônda | amatêngakên ing rêmbug | gèning mukul ing paduka ||

3. Natasingron têliknèki | kang kinon momor ing mêngsah | ingkang dinangu cacahe | watara kathahing mêngsah | punang têlik turira | sadaya ngatawisipun | idêlèr lawan pangeran ||

4. kadi cacahing prajurit | salêksa lan gangsal nambang | lamun wontêna kirange | pan inggih botên akathah | miwah lamun langkunga | botên kathah langkungipun | saking gangsal wêlas nambang ||

5. Natèng Banaran nimbali | ing santana pra dipatya | lan lurah prajurit kabèh | tinawutinari. ing bobotira | samana gunging mêngsah | apa oncat apa magut | kang abdi matur sadaya ||

6. sumôngga karsa narpati | kang abdi dalêm kewala | amrih ing yuda rêrêmpon | kang abdi darmi lumampah | sang nata angandika | santana lan pra tumênggung | ngarêpna Mangkunagara ||

7. ingsun ngarêpkên Kumpêni | lah bocah jêro kewala | iya sun gawa saparo | kang patang atus kewala | punjul wong Suranata | wolung puluh papatipun | mantri pinilih tri dasa ||

8. bocah jêro kang sapalih | patang atus milu jaba | kang sun pangku iku bae | Magêlang para dipatya | sêdyane lumuh pisah | antepe dadia bubuk | yèn kênia lumuh pisah ||

9. Pangran Natakusuma glis | lan Rôngga Wirasêtika | wus tilar dhuwung kalihe | majêng sami matur nêmbah | pukulun [pukulu...]

--- 54 ---

[...n] nuwun duka | yèn èstu karsa sang prabu | nadhahi angantêp yuda ||

10. tan wontên ajrih ngêmasi | sadaya abdi paduka | amung inggih kuciwane | pukulun tan antuk papan | lan mêngsah taksih ura | botên anunggil gènipun | owêl abdi padukèndra ||

11. sanadyan kathaha ugi | yèn mêngsah dadya satunggal | botên tanggêl pangantêpe | sang nata gumujêng suka | Dhimas Natakusuma | ingsun pan kaya sirèku | iya kapalang ing papan ||

12. yèn mêngkono sun unduri | rôngga padha undhangana | kancamu bupati kabèh | besuk-esuk ingsun budhal | ing Bangsri ingsun tinggal | bubaran wau kang rêmbug | wande umangsah ing yuda ||

13. ing dalu datan winarni | enjing atêngara budhal | gumuruh wadyabalane | putra santana nèng ngarsa | nuntên kang pra dipatya | sri narendra munggèng pungkur | lan wadya ing jro sadaya ||

14. kèndêl dhusun Wanasari | sadalu amasanggrahan | enjinge budhal angalèr | Murong kèndêl masanggrahan | anata balanira | kunêng malih kang winuwus | Pangeran Mangkunagara ||

15. tur uninga ing Kumpêni | yèn kang rama sampun jêngkar | saking Bangsri sawadyanê | angalèr mring Sukawatya | suwawi tinututan | tinut ing sapurugipun | idêlèr nurut kewala ||

16. têngara baris Kumpêni | budhal saking Sumêdhangan | arsa asarêng angalèr | lampahe lêt tigang bulak | ing Sukawati prapta | Pamasaran kèndêlipun |

--- 55 ---

pangeran ing Pagêdhangan ||

17. baris Kumpêni miranti | pangeran pemut prayitna | yèn ingkang rama badhene | sampun angundhangi bala | badhe angantêp yuda | dene pênêd papanipun | ing Sukawati arata ||

18. idlèr ngundhangi prajurit | sami prayitnèng ngayuda | Pangran Mangkunagarane | marang dêlèr pemutira | yèn kyai dèrèng nabrang | ngalèr mêksih anèng kidul | niyat magut ing ngayuda ||

19. kunêng kang winuwus malih | Sri Narendra Kabanaran | kang baris anèng ing Murong | agung dènnya pirêmbagan | angrakit gêlaring prang | badhe ngantêp yudanipun | kasaru wontên caraka ||

20. saking Pugêr Adipati | surate atur uninga | lamun kang rayi jêngkare | Pangran Arya Singasêkar | tilar nagari Jipang | kawone saking Sêdayu | pinanggih lawan kawula ||

21. botên ngangge têpang pikir | pun Pugêr nuwun dêduka | sintên kang kinarsakake | têngga tamping lèr punika | Pangeran Singasêkar | mring Kadhiri lolosipun | môngsa mêcahna kaluwak ||

133. PocungTeks asli: Pucung.

1. kula nuwun atur tiwas ing pukulun | rumêksèng tampingan | rumaos botên kasait | tiwasipun rayi dalêm Singasêkar ||

2. sang aprabu miyarsa kalangkung ngungun | kalawan Pangeran | Dipati Bintara mangkin | nuwun lênggah ing nagari Garobogan ||

3. sang aprabu ing batin kalangkung rêngu | pinupus yèn beka | dènnya arsa magut jurit |

--- 56 ---

tyasnya lagya kuwur wande magut ing prang ||

4. iya lamun Si Adhi Bintara iku | yèn cinukêngana | beka satêngahing jurit | pan ingarêm-arêm tyasira sinamar ||

5. ngandikarum Dhimas Bintara sirèku | jaluk Garobogan | kadangira Pugêr iki | kaya priye ngêndi gone mrênahêna ||

6. dene iku sira adhi ingsun turut | jaluk Garobogan | watakira dhingin-dhingin | marènana sok lali ing pawong sanak ||

7. mring sadulur alane dèn ulur-ulur | pakaryan tan arja | nora tulus dèn walêsi | ingkang rayi pucêt sumungkêm pratala ||

8. aturipun sumôngga karsa pukulun | inggih dèn kumbaha | yèn kadosa nguni-uni | sakalangkung jrih kula ing padukèndra ||

9. ing sotipun kadang sêpuh pasthi ampuh | kula manggih papa | kang ngukup mung kakang aji | gih punapa badan kang dipun walêsna ||

10. durakagung gih kawula sok adigung | kathah aturira | sêpata kadya wong cilik | Pangran Adipati Bintara mring raka ||

11. sigra wau Narendra Gandhèk tinuduh | mundhut Garobogan | marang Pugêr Adipati | pinaringkên marang Pangeran Bintara ||

12. Pugêr amung dhinongkolakên wong satus | langkung gujêngira | sira Pugêr Adipati | nora môntra-môntra yèn sak manahira ||

13. wêruh lamun kang duwe panggawe saru | Pangran Buminata | nyêndhandhênyêndhandhêr. sajêge urip | durung-durung nglakoni panggawe tata ||

14. apan iku ya

--- 57 ---

môngsa mantêpa besuk | marang ingkang raka | sayêktine dadi kardi | kudu-kudu ambêbeka lêlampahan ||

15. nora enjuh mung gunane gawe rusuh | sampun tinampanan | ing Garobogan nagari | langkung suka Pangran Dipati Bintara ||

16. yèn tinangguh sagah balanipun wuwuh | adhadhag mêdhadhag | mangah-mangah ulatnèki | kaya êbung pring pêtung mêntas binakar ||

17. ya ta wau barise Kumpêni maju | kèndêl dhusun Gêbang | Pangran Mangkunagarèki | kèndêl baris wontên sawetaning Gêbang ||

18. Sang Aprabu Kabanaran karsanipun | pan anglès kewala | lagya sêbêl ingkang galih | ing bekane kang rayi Pangran Bintara ||

19. kang tinuduh dadia kawal ing pungkur | pra wadana jaba | sadaya ing jro satunggil | têtindhihe Mas Rôngga Wirasêtika ||

20. sisihipun Radèn Suryanagarèku | sagung pra dipatya | ing jaba sadaya kering | mung kadhèrèk sang nata sêntana putra ||

21. budhalipun mangilèn wau sang prabu | mingêr ngalèr nabrang | praptane salèr bênawi | ngetan malih sakêdhap praptane Bancar ||

22. kèndêl wau masanggrahan sang aprabu | mungsuh wus miyarsa | pangeran miwah Kumpêni | sami nusul baris Kumpêni kalawan ||

23. barisipun Pangran Mangkunagarèku | budhal saha lampah | wetan kilèn nunggil kapti | baris Murong kang dèn ungsir budhalira ||

24. ingkang kantun Murong kirab barisipun | baris mungsuh kagyat | anarka [a...]

--- 58 ---

[...narka] sunane maksih | sami kèndêl Kumpêni baris sumêngka ||

25. barisipun Pangran Mangkunagarèku | lan sabalanira | anèng dhusun Batu Tangkil | baris Murong kêbut ngalèr ngilèn samya ||

26. dêlèr ngutus amatêngakên ing rêmbug | Dipati Sêmarang | praptèng baris Batu Tangkil | wus pinêthuk urmat baris prajuritnya ||

27. baris susun jroning pasanggrahan agung | sagung baris dharat | nèng ngara-ara ing jawi | pan agabag ewon kang baris turôngga ||

28. praptanipun wau awake gupêrnur | Dipati Sêmarang | pinanggihan anèng jawi | soring tarub pasanggrahan sampun lênggah ||

29. pra tumênggung tinunggilkên pra tumênggung | lan Kudanawarsa | puniku jajare linggih | pangerane kang munggèng kursi kewala ||

30. Dipatyèku Sêmarang tyasira kêju | dêlèr kang karya wak | têka nora nêmu aji | linênggahkên anèng ing widhig kewala ||

31. lan andulu solah tingkahing wadyagung | sinawung sinawang | sasêmone gawe cilik | lonyot-onyot ing pratingkah gêgêculan ||

32. tyase alum Dipati Sêmarang iku | mulat ing pratingkah | ki dipati kêcil ati | prakarane ngunthêt saparo tan mêdal ||

33. ngaturakên surat kang saking gupêrnur | kêdah pêpanggiha | matêngakên barang pikir | sabarange pênêd nuli kalakona ||

34. ya ta wau kèndêl ing pamaosipun | pangeran ngandika |

--- 59 ---

hèh Adipati Sêmawis | dêlèr iki têka mangkene karsanya ||

35. atêtêmu iya apa bedanipun | kalawan pangucap | kang kalêbu ing srat mami | bèbèt ingsun tan ana ngoncati ujar ||

36. apan iku kakang mas panjalukipun | Pangeran Pancuran | nuli têmua lan mami | ngarah apa bok besuk sawusing karya ||

37. apan ingsun liwat rubêd atiningsun | wong arêp-arêpan | ingsun iki nyêngka tandhing | pan kiyai prajurit sumbagèng jagad ||

38. tikêl satus balane lan balaningsun | tur padha prawira | kabèh balane kiyai | balaningsun lagi aprang bêbocahan ||

39. prandenipun nêmah tan mingkêt sarambut | saking ingsun iya | wus saguh marang Kumpêni | rêmak-rêmpu ingsun tan sumêdya oncat ||

40. ciptaningsun lan Kumpêni barêng gêmpur | môngsa dadak cidra | lamun taliti Matawis | wus muliha Adipati ing Sêmarang ||

41. layang ingsun angsul-angsul bèn lumaku | Si Kudanawarsa | ingkang gawa layang mami | ngiras wakil prasasat wus awak ingwang ||

42. sami mundur Dipati Sêmarang gupuh | praptaning Sumêngka | wus panggih lan ingkang nuding | Hoêndorop dipati ginawa ngiwa ||

43. aturipun katur sasolahing mungsuh | Dipati Sêmarang | mring dêlèr amrasabêni | sampun mindho kula kinèngkèn marika ||

44. solahipun beda lawan pamanipun | taklim ing kongkonan | ing adate Mangkubumi |

--- 60 ---

yèn punika pratingkah agêgêculan ||

45. manggil gupuh Radèn Endranata tumut | prapta tinakonan | miwah Naladiranèki | ingkang sami mindho ming têlu dinuta ||

46. mring Sang Prabu Natèng Kabanaran kruhun | ngajèni kongkonan | satata gènnya manggihi | lan têmbunge sêdhêp prak ati pasaja ||

47. patutipun sagène pakuwonipun | mondhoka sadina | yèn Pangeran Mangkubumi | pasêmone baris lir goning narendra ||

48. sru gumuyu agoyang kapalanipun | êmbèn Danawarsa | badhe kinèngkèn mariki | siyaganên têtarub pakuwon ngarsa ||

49. bubar sampun kunêng malih kang winuwus | Pangeran Pancuran | kintun sêrat mring kang rayi | wus tinampan ing Pangran Mangkunagara ||

50. têmbungipun hèh yayi mas sira iku | iya dèn prayitna | patêmon aja nglakoni | lamun durung ingsun lumaku nèng ngarsa ||

51. apan ingsun maksih lumaku nèng pungkur | iya durung kêna | lumaku ana ing ngarsi | lamun ingsun wus kêna lumakyèng ngarsa ||

52. dadi uwus patêmone sakarêpmu | kang pindho yayi mas | prang lan Paman Mangkubumi | aja age yayi ngêntènana ingwang ||

53. pantês ingsun tuwa kadang gulang pupuh | ya singa tiwasa | prang lan Paman Mangkubumi | duk miyarsa maos kèndêl latah-latah ||

54. dutanipun kang raka sinungan wuwus | lah iki kakang mas | ngandika datan pakering | nora lingsêm karungu samaning

--- 61 ---

jalma ||

55. dadak iku ngêmbari kyai prangipun | tan wruh ing ukara | tan wruh ing Pon Wage Paing | wong kumaki iya prajurite pira ||

56. nadyan iku duwea prajurit sèwu | ya têlung èwua | nora patut anadhahi | pamanane wus prajurit têmênanan ||

57. pira-pira prajurit sabrang kapupu | Mayor Has Mayor Pal | Mayor Pèr Kalèrêk mati | prang lan kyai tumpêsan prajuritira ||

58. waniningsun sun rewang prang amalincur | gêlar salindhutan | wong aprang lawan kiyai | tadhah dhadha pasthi rêmuk-rêmpu bebas ||

59. dutanipun kang raka sinung sul-angsul | Pangeran Pancuran | sampun lèngsèr nêmbah amit | kawuwusa ingkang baris anèng Bancar ||

60. amrih laku wau kang putra tinuduh | pangeran dipatya | ngirid wong môncanagari | pra dipati wus kinèn mantuk sadaya ||

61. Pangranipun Dipati Anom Madiun | lan Suryanagara | nêdya tulung Pranaragi | kang binobok saking ing gunung Srêngkara ||

94. Sèh Ibrahim sudagar Turki dipun saraya Kumpeni kapurih ngrêrapu panggalihipun Sunan Kabanaran

134. Dhandhanggula

1. nahên gantya kang winursitèng ris | nênggih wontên sêmpalaning kôndha | nagri Turki nangkodanê | ing Turki tanah ing Rum | lunga dagang mring Bawah Angin | nangkoda kalih [ka...]

--- 62 ---

[...lih] sanak | sami sugihipun | lan kadang mung sabaita | ingkang tuwa anama Ki Sèh Ibrahim | kang anom Ki Sèh Iskak ||

2. wus lakune nagari ing Turki | lamun nangkoda dagang anêbah | anggawa cape rajane | ing cape sultanipun | pan kalaut nèng Bawah Angin | titihanipun pokah | sêbit layaripun | palwane kalunta-lunta | kalih atus sabaita rowangnèki | Sèh Ibrahim ngulama ||

3. datan kèndêl baitanirèki | anut ing barat kalunta-lunta | ngetan tan ana enggoke | kasanggrok nèng pulo Drus | dadya kèndêl palwanirèki | nanging tan wontên tiwas | mung titihan putung | lawan layaripun sirna | nèng pulo Drus minggah Tuwan Sèh Ibrahim | manggihi tiyang kathah ||

4. wong lalaran kang anambut kardi | gêraji kayu sadina-dina | Tuwan Ibrahim têtakèn | mring wong gêraji iku | iya iki nagari ngêndi | apa rajane ana | wau kang sumaur | puniki ing Batawiyah | amung jendral gêng-gênge nagri ing ngriki | akulit kadi tuwan ||

5. nanging kaot sêrban lawan topi | kalih tuwan sami kulit pêthak | sawusirantuk têtakèn | wangsul baitanipun | sagung awak baita sami | kinèn kantun prayitna | amung kadangipun | binêkta anitih sampan | minggah dharat sapraptanirèng Batawi | arsa anjaluk tiyang ||

6. samya kagyat têtiyang Batawi | arang kambah sami kagawokan | abagus agêdhe-gêdhe |

--- 63 ---

têtakèn gêdhongipun | gèning jendral sami lumaris | ingkang jaga lumajar | badhe ngaturi wruh | yèn têtiyang Turki prapta | sawêg matur Sèh Ibrahim sêlak prapti | anguwuh jendral-jendral ||

7. langkung gugup jendral angêdhuni | dharakalan kapêthuk ing latar | sampun cinandhak astane | lajêng binêkta lungguh | munggwèng kursi lajêng dènnya ngling | jendral sun jaluk tiyang | putung tiyang ingsun | mulane kalunta-lunta | jêbul kene pan ingsun iki Rum Turki | iki cape rajèngwang ||

8. tuwan jendral sigra aningali | cape Jêng Sultan Muhamat Likan | Rum ing Ngadli Ratu gêdhe | kêkalih êcapipun | Kangjêng Sultan Mustapa Rumi | jendral sêngkut mangrêpa | langkung sugun-sugun | tuwan paduka dèn sabar | dene tuwan saèstu nangkoda Turki | kadhapur ing nagara ||

9. dene antuk cape ratu yêkti | yêkti kajêjêr nangkodèng prangja | mila dipun ragi rèrèh | kula turi tan wurung | inggih amrih ingkang prayogi | manthuk lah iya jendral | sun anti sanggupmu | ingsun rèrèh tanahira | manawa na wong nikara marang mami | môngsa bodhoa sira ||

10. tuwan jendral matur ngasih-asih | sintên purun tuwan kula rêksa | ing sadhahar minumane | anulya amit wangsul | mring parahu jendral ngurmati | angatêr lan sugata | sarwi wuwusipun | tuwan yèn wus tigang dina | inggih tuwan kawula aturi malih | dhatêng wisma kawula ||

11. saungkure Tuwan [Tuwa...]

--- 64 ---

[...n] Sèh Ibrahim | Jendral Jakup Musêl pirêmbagan | lawan Dêlèr Dhirèkture | Pan dêr Para ranipun | iya Petrus Albèrtus prapti | jendral atutur warta | ana nangkoda gung | saking Turki bijaksana | parenenya palwa putung tiyangnèki | têmah kalunta-lunta ||

12. gawa cape Sultan Rum sayêkti | iki patut yèn sinilih basa | iya ngakua dutane | ya Kangjêng Sultan ing Rum | amariksa rusaking Jawi | sapa kang dadi purwa | Jawa rusakipun | kang aprang nora maria | Mangkubumi sayêkti lamun apanggih | Sultan Ngêrum dutanya ||

13. sayêktine kêkês Mangkubumi | nuli nurut iya saparentah | ing Kumpêni pratikêle | anut ginawe Ratu | ing Nagari Jawa sapalih | Dhirèktur Pan dêr Para | pan Petrus Albèrtus | myang sagung rad pên india | wus sarêmpêg amung kari pikir siji | ambobot marang upah ||

14. ana ingkang tri atus sêsasi | ana kang patang atus sawulan | limang atus nêmatuse | puniku reyal sêpuh | sigra jendral ingkang mêdhoti | patang atus sawulan | kêton patang atus | cêkak landhung wus bêgjanya | ing tutute sakênane Mangkubumi | nurut maria aprang ||

15. saingone sabature sami | wong rongatus kang anèng baita | kang atunggu dagangane | sawêdhus bêrasipun | sabêrambang bawang dhognèki | saminyak samarica | kapulaganipun | wus êsah ingkang bicara | nulya ngutus mring

--- 65 ---

pulo Drus Komisaris | lawan kaji satunggal ||

16. wong Makasar Ki Kaji Duljaki | ingkang bisa basa Turki Arab | ing pulo Drus sapraptane | sarta bêkta sêsuguh | warna-warna sapitung kunthing | pamrihe kasaida | bature rongatus | kanggoa satêngah wulan | wusnya panggih lawan Tuwan Sèh Ibrahim | nuju amaca Kitab ||

17. Kitabira wontên kalih pêthi | kagyat mulat komisaris prapta | lan akathah gêgawane | kalangkung sukanipun | komisaris wus tata linggih | alon manis têmbungnya | tuwan kula ngutus | dhatêng putra jêngandika | tuwan jendral atur pratôndha ngurmati | rèhning paduka prapta ||

18. inggih wontên tanah ing Batawi | aprasasat Sultan Rum kang prapta | angramati ing dasihe | sasat dhawuh andaru | amadhangi nagri Batawi | mung tuwan kang sayogya | pinintanan tulung | ing sagunging para susah | Sultan ing Rum babone ratu sabumi | tyas mulya paripurna ||

19. kula ngutus ngaturi udani | nagri kang tuwan ciki punika | sapangetan saurute | manggih susah kalangkung | sagung daganganing Kumpêni | kèndêl datan lumampah | pirang-pirang taun | Kumpêni rugi kewala | ingkang mawi ing tanah Jawa ajurit | sinapih datan kêna ||

20. wontên anaking raja satunggil | namanipun Radèn Mas Sujana | Mangkubumi ing samakesamangke. | angamuk pirang taun | datan kêna apês ing jurit | langkung sawindu dènnya | amurwèng prang pupuh | eyangipun [e...]

--- 66 ---

[...yangipun] prêjangjean | lan Kumpêni manjing darah kulit daging | sagêbyaring baskara ||

21. awon-ingawonan datan kêni | èwêdipun tinadhahan ing prang | sasat prang lawan putune | tinêmênan puniku | nistha ing prang mukul lan kaki | rinewang prang wêtara | tan kêni sinêmbur | atusan sabên ayuda | pêpatine wutahing rah dalajati | bumi satêmah rêngka ||

22. putra tuwan jendral langkung runtik | sayêktinipun langkung bêbana | bilih dados usadane | tanah Jawi pukulun | angipuka ing Mangkubumi | pasthi tuwan ginêga | jêr tuwan jinis Rum | Mangkubumi yèn kênia | ingadêgkên ratu sapalihing bumi | kèndêla amangun prang ||

23. putra tuwan jendral anaosi | kawan atus kêton sabên wulan | Sèh Ibrahim pamirsane | kalangkung ngungunipun | ana ingkang karasèng galih | Sèh Ibrahim ngulama | dhangan ing tyasipun | rêsêp karya kabêcikan | ya warahên si jendral aja kuwatir | ing samono prakara ||

24. aja nganggo iya dèn opahi | yèn amurungakên wong tukaran | pan wus gêdhe ganjarane | mungguh Hyang Maha Luhur | komisaris umatur aris | tuwan putra andika | jêr wus nadaripun | môngsa kênaa tinulak | angandika wau Tuwan Sèh Ibrahim | ya warahên si jendral ||

25. besuk-esuk sun têmu pribadi | karo si jendral padha rêmbugan | ingkang linakon bêcike | wajib amrih rahayu |

--- 67 ---

iya marang isining bumi | ingsun iki wong dagang | ngancik nagarèku | lagi nêmu kasusahan | kuwajiban ingêntèni milu mikir | mulyane kang nagara ||

26. komisaris lan Kaji Duljaki | sampun pamit Rum baya lumarap | wus minggah dharat lampahe | lajêng panggih Gurnadur | Jendral Jakup Musêl anganti | lawan Dhirèkturira | Petrus ya Albèrtus | Komisaris praptanira | ngaturakên saguh Tuwan Sèh Ibrahim | têtulung ing prakara ||

27. tanah Jawa marine ajurit | akarya mandhêging dêdagangan | bumi kèh dadi rusake | apan ing dintên besuk | rama tuwan mariki malih | amatêngakên rêmbag | mrih kalakonipun | wajib tulung kasusahan | duk miyarsa ing karsane Sèh Ibrahim | suka ingarsa-arsa ||

28. kunêng dalu kawuwusa enjing | komisaris kang kinèn amapag | bakda Rum baya lampahe | sapraptane pulo Drus | Sèh Ibrahim wus dèn aturi | wau gurnadur jendral | ing sawingkingipun | utusan amêpak bala | dragundêre rongatus lan jalan kaki | urmat baris yèn prapta ||

29. kapêthukan Tuwan Sèh Ibrahim | lan amêpak ing Rat pên idiaRad pên india. | baris wus miranti gone | dêlèr kalih tinuduh | mêthuk reta pinggir pasisir | kang pinêthuk wus prapta | têdhak ing parahu | sigra ingaturan minggah | ing kareta minggah Tuwan Sèh Ibrahim | lajêng karetanira ||

30. praptanira jendral mêthuk kori | lawan sagunging [sa...]

--- 68 ---

[...gunging] Rad pên idiaindia. | gupuh-gupuh tênagane | kadya urmat ing ratu | jendral langkung angasih-asih | kinanthi rinarêpa | wus binêkta lungguh | sagunging Radpêni diya | sami tabe wus samya linggih ing kursi | Sèh Ibrahim ngandika ||

31. apa nuli jendral pikir iki | apa tamban mungguh lakuningwang | Jakup Musêl lon ature | inggih salêrêsipun | tuwan kula ajrih ngaturi | yèn tuwan sampun dhangan | Tuwan Sèh lingnyarum | manawi na pikir liya | liya ingkang ginawa si komisaris | aran wong pêpikiran ||

32. ingkang enak padha dèn lakoni | lamun sira kabotana ing prang | ya sira aja andalèh | lamun wong daging ingsun | lamun ingsun kirima tulis | marang ing ratuningwang | anuwunkên bantu | aja maido maring wang | pasthi olèh iya prajurit rong kêthi | sok kêlara nyugata ||

33. iya sapa mungsuhmu ajurit | dadèkêna ancura nagara | iya ngong kaduga bae | pan iya ratuningsun | bangêt asih ing awak mami | Sultan Muhamad Lekan | narendra pinunjul | sumbagèng rat pramugèng prang | prajurite kabèh pitung puluh kêthi | yèn ingsun utusana ||

34. tur uninga lamun awak mami | dagang ngambah ing nagara susah | susahe nuju prang gêdhe | mrih mulyane prajèku | ingsun nuwun kirim prajurit | nadyan patang kêthia | pasthi lamun antuk | ingsun sira aku bapa | antêp ingwang iya jendral nora wigih | nglakoni

--- 69 ---

sarat Jawa ||

35. ingsun iki sira gumatèni | sampe mati nglabuhi prakara | iya mrih rahayu kabèh | jendral angrêpa matur | langkung saking tarima kasih | langkung saking kalingga | dene wawratipun | tuwan inggih tanah Jawa | amung ewon langkunga botên kuwawi | pasthi praja suwak brak ||

36. têmah ajur botên dadi takir | mila tuwan panuwun kawula | mung ngipuka sami darbe | amrih puruna rukun | sampun kongsi sulaya budi | wong cilik karisakan | kasihan kalangkung | nênulari tanah sabrang | gawe mandhêg marang dagangan Kumpêni | windon rugi kewala ||

37. amung tuwan pantês ngusadani | risakipun inggih tanah Jawa | tuwan tunggil agamane | aluhur Sultan ing Rum | mila tuwan kula aturi | môngsa sagêda bôngga | ing salêrêsipun | yêkti agamane cacad | yèn mopoa ing pitutur mrih sayêkti | kadi anut kewala ||

38. sigra wau Tuwan Sèh Ibrahim | iya ingsun nora gawa rowang | wong Turki sun tinggal kabèh | sun gawanana batur | tuwa roro bocah kêkalih | Duljaki ingsun gawa | akèh karyanipun | kang minôngka juru basa | tuwan jendral sigra dènnya marentahi | kang juroning baita ||

39. nuju wontên duta ing Samawis | utusane Dipati Samarang | Wiryamanggala namane | kalawan mantunipun | namanira Dyan Wirasari | gandhèk ing Surakarta | nênggih lurahipun | swargi sumare Lawiyan |

--- 70 ---

duk wiwite pakêthip lunga angungsi | pangan maring Samarang ||

40. pinarêngkên Tuwan Sèh Ibrahim | ing antuke nunggil sabaita | sira Wiryamanggalane | kalawan ingkang mantu | Wirasari wus mancal aglis | samarga ing lautan | agung andêdangu | pratingkahe tanah Jawa | Kyai Wiryamanggala umatur aris | tuwan anak kawula ||

41. Wirasari puniki angabdi | dhatêng Sang Prabu ing Kartasura | dadi wong kandêl têgêse | lêlurah gandhèkipun | malah tate kinèn tut wuri | kang rayi kang prakosa | samangke puniku | Pangran Mangkubumi nama | prawirèng prang samangke kang dadi kardi | agung numpês Walônda ||

42. duk miyarsa Tuwan Sèh Ibrahim | langkung suka agung atêtanya | Wirasari cinêlakke | lêga ing manahipun | myarsa ture Dyan Wirasari | yèn agung sok dinuta | jênêngi prangipun | duk ingabên mring kang raka | lawan pira-pira kang mungsuh katitih | tan amôngga puliha ||

43. dadosipun makatên puniki | ing nguni Jendral Emup punika | prapta ing Surakartane | nuntên saantukipun | kesah Pangran Amangkubumi | lajêng prang tanpa wêkas | aprang padha batur | dadya lêtuh kang nagara | pan ing mangke tuwan kula tan udani | ngungsi wontên Samarang ||

44. wus têtela Tuwan Sèh Ibrahim | saking Radèn Wirasari turnya | yèn abêcik têtêkone | lan bêcik dhapuripun | nguni Pangran Amangkubumni | kunêng kang alêlampah |

--- 71 ---

Tuwan Sèh nèng laut | wau suratira jendral | sabên kantor Têgal Japara Samawis | wus sami kadhawuhan ||

45. suratira Jendral ing Batawi | Sèh Ibrahim Tuwan Sarip Bêsar | Sultan ing Rum carakane | dèn padha sugun-sugun | singa-singa kang dèn ampiri | dutane Raja Bêsar | dèn cakut dèn takut | aja gêgawa maring wang | tuwan jendral langkung dènira nasabi | mingit panggawenira ||

46. wau lampahira Sèh Ibrahim | kèndêl Têgal petor dhalêm mapag | langkung panyuba-nyubane | mung kèndêl kalih dalu | lajêng mancal dhatêng Samawis | sadalu lampahira | êbyar praptanipun | petor bêsar ing Samarang | duk miyarsa mêthuk mring pinggir pasisir | panggih lajêng binêkta ||

47. marang petor bêsar wismanèki | sinaosan gêdhong kang santosa | Tuwan Sèh makuwon rèrèh | pan dêlèripun suwung | pan anglurug mring Sukawati | Wirasari kalawan | Wiryamanggalèku | samya kinèn umantuka | yèn wus aso têlung dina kinèn bali | gawaa roning kamal ||

135. Sinom

1. wusnya ngaso tigang dina | sira Radèn Wirasari | marak Tuwan Sarip Bêsar | sarta sugata mêrnani | sawusnya tata linggih | Tuwan Sèh Ibrahim dangu | Wirasari kaya pa | suwunge si dêlèr iki | ya ta matur Wirasari inggih tuwan ||

2. sami wontên palurugan | inggih kang dipun lurugi | ingkang kula turkên tuwan | Pangran Arya Mangkubumi |

--- 72 ---

kang madêg narapati | lawan karsane puniku | mangke pinukul ing prang | inggih kinarubut kalih | lan putrane Pangeran Mangkunagara ||

3. Tuwan Sarip duk miyarsa | iku priye Wirasari | manawa kasêlak rusak | miwah matia ing jurit | sapa sun candhak malih | tanah Jawa sida ancur | sira angupayaa | kang nêkakkên layang mami | apa dene ingsun arsa têtêmua ||

4. Wirasari matur nêmbah | inggih tuwan kadipundi | wong sawêg ajêng-ajêngan | ingkang dipun utus ajrih | kalayan sônggarunggi | winastan karyaning mungsuh | yêkti manggih cilaka | tuwan dipun sabar kêdhik | petor bêsar nambungi lah inggih tuwan ||

5. dene satêngah arungan | kalihan ingkang tinuding | Tuwan Sarip Bêsar tanya | marang Petor ing Samawis | petor sapa kang bêcik | manawa sira wus wêruh | kang padha duwe Jawa | saliyane Mangkubumi | petor matur inggih kula dèrèng mirsa ||

6. mung sawêg siji punika | pratandhane yèn ajurit | dèrèng purun prang culika | sanadyan balane kêdhik | lamun tinonjok tulis | pinurugan mungsuh agung | yèn sampun saguh mapag | rêmak-rêmpu dèn lakoni | mundur risak adate tuwan punika ||

7. yèn balane nuju kathah | ingkang amarani kêdhik | tinonjok tan sanggup mêdal | pan inggih tulus ngoncati | botên prang cidra gêndhing | wêkêl tuhu watêkipun | Mangkubumi punika | liyane sami prang gêndhing | aprang [a...]

--- 73 ---

[...prang] cidra golèk kalimpene mêngsah ||

8. tuwan waradin sadaya | pêparinge trah Matawis | sawêg satunggal punika | Mangkubumi wus prajurit | nadyan watêke inggih | môngsa têbiha puniku | wau duk amiyarsa | suka Tuwan Sèh Ibrahim | padha lawan Wirasari tuturira ||

9. petor malih aturira | tuwan malih saprakawis | kang sampun umadêg nata | puniku gih tyase bêcik | bagus budi lêstari | santosa maring Hyang Agung | Sèh Ibrahim lingira | nora catur kang wis dadi | sisihane kang sun pikir mèt prayoga ||

10. petor bêsar aturira | tuwan dipun sabar kêdhik | inggih yèn sampun kantênan | pacampuhaning ngajurit | kula ngupados aglis | ingkang pantês tuwan utus | sêdhêng mantun arungan | rèrèh tyase Sèh Ibrahim | ya ta kunêng gantya malih kawuwusa ||

95. Madiun lan Pranaraga kenging karebat dhateng Pangeran Mangkunagara

11. Pangeran Mangkunagara | kang abaris Batu Tangkil | dêlèr baris ing Sumêngka | sami tanah Sukawati | pangeran kirim tulis | Kudanawarsa ingutus | kanthi Ranadiningrat | bêkta bupati kêkalih | lan tumênggung nênggih Suramangunjaya ||

12. bêkta kêkapalan dhomas | pra sami milih turanggi | amung dhawuk lawan pancal | banderane patang supit | samya saruwal abrit |

--- 74 ---

sangkêlat kasting baludru | sadaya pêpilihan | prajurite bêcik-bêcik | sami kuda dhawuk pancal lan palôngka ||

13. praptane baris Sumêngka | dêlèr amêpak prajurit | aglar baris ngara-ara | upsir lan para dipati | atarap munggèng kursi | dênglèrdêlèr. munggèng tarub agung | lawan Pangran Pancuran | idêlèr sandhing alinggih | praptanira Dipati Kudanawarsa ||

14. dêlèr ngadêg nèng taratag | amêthuk wau kang prapti | Dipati Kudanawarsa | cingak sagung wong pasisir | dhapure amantêsi | rikat gagah rowa bagus | kadya Bambang Swatama | dene punggawa kêkalih | Suramangunjaya lan Ranadiningrat ||

15. kadya Nakula Sadewa | kalihe apêkik-pêkik | katri punggawa binêkta | wus sami lênggah ing kursi | nunggil Ki Adipati | Samarang dènira lungguh | sira Kudanawarsa | angaturkên sêrat aglis | wus tinampan idêlèr lajêng nupiksa ||

16. sawusnya têlas winaca | urmat drèl baris Kumpêni | gupêrnur nuduhkên sigra | marang Kudanawarsèki | lah Danawarsa iki | apa pangling sira iku | maring Pangran Pancuran | kagèt dongong sangêt pangling | sigra ngujung Dipati Kudanawarsa ||

17. punggawa kalih tumulya | pra sami mangsah ngabêkti | gumujêng Kudanawarsa | bêndara sampeyan inggih | andadak kaki-kaki | asêpuh kula satuhu | kang mirsa sami cingak | dene botên kakang adhi | pêpatute kaya anak lawan bapa ||

18. gupêrnur alon wuwusnya |

--- 75 ---

hèh Kudanawarsa iki | pangeran pikire iya | yèn uga patêmon mangkin | yèn kang rama miyarsi | yêktine sangêt angamuk | tan kêna tinadhahan | milagung nglêlèdhèk mangkin | yèn apranga sadèrènge pêpanggihan ||

19. sayêktine mônda-mônda | kêna tinadhahan tipis | iya sun nurut kewala | nuli amriha ajurit | mêngko ana ing ngêndi | ingkang rama barisipun | taksih wontên ing Bancar | balanipun wuwuh malih | wong pasisir kalawan wong Surakarta ||

20. anakipun Pringgalaya | Pringgadiningrat ambalik | ambêkta samantrinira | mantri gêdhe tumut balik | mangkya dadya pangarsi | nèng Tinawas barisipun | dêlèr ngungun miyarsa | sakarsane wus nuruti | mring rêmbuge Pangeran Mangkunagara ||

21. pinutusagung bicara | sampun Kudanawarsa mit | kalawan sakancanira | mêdal sajabaning baris | samya nitih turanggi | wadya kuda wolung atus | anuju misih Siyam | tanggal wolu likur nênggih | lampahira Dipati Kudanawarsa ||

22. wau ta sapraptanira | ing barisan Batu Tangkil | lajêng sowan ngarsanira | Pangran Mangkunagarèki | matur saha wotsari | ngaturakên tabenipun | dêlèr lawan kang raka | Pangran Tirtakusumèki | salamipun inggih dhatêng jêng paduka ||

23. ing mangke raka paduka | inggih sampun kaki-kaki | pangeran alon ngandika | iya mandi sapa mangkin | Danawarsa wotsari | pun Jawira ngrong pukulun |

--- 76 ---

ompong uwane samya | pangeran gumujêng bêlik | Danawarsa kang êmas apa prakosa ||

24. umatur Kudanawarsa | baluncing arêngkik-rêngkik | kados kêkathahên madat | biru pasêmon bakiwitbasiwit. | pangran gumujêng malih | prandene kudu kumênthus | akon angantèni prang | anumbari mring kiyai | binantinga mêcothot dadi nêmbêlas ||

25. gumêr kang sami miyarsa | Kudanawarsa wotsari | pun dêlèr mangke sumôngga | ing paduka gèn pêpanggih | botên kadi rumiyin | asangêt pamêksanipun | mangke dhèrèk sakarsa | sampun marêm tyasirèki | dene kula kenging pêpanggih punika ||

26. ing benjing sampuning bakda | anuntên umangsah jurit | nglanggara majêng paduka | inggih ingaturan aglis | pangeran ngandikaris | wong mungsuh kiyai iku | yèn ana lor bangawan | aja wani anyabrangi | pan amungsuh iya wong sajagad-jagad ||

27. kabèh wonge desa ika | dadi mungsuh gêdhe cilik | têkan bocah angon ika | padha milu ngamuk wêngi | tan ana marentahi | dudu kyai ingkang nuduh | dhasar padha wong desa | kudu padha ngamuk bêngi | ambêbingung karya rusake wong kathah ||

28. yèn kene lawas tan nabrang | pasthi kyai anyabrangi | sayêkti sangêt bramantya | yèn rusake Sukawati | kunêng gantya winarni | kang agung sungkawa nêkung | kang masanggrahan Bancar | Susunan Amangkubumi | sakalangkung nênêdha maring Hyang Suksma ||

--- 77 ---

29. pangunandikaning driya | yèn mêngkene tanah Jawi | alawas nora raharja | apa ta durung pinasthi | mulyaning tanah Jawi | yèn tan winarisa ingsun | angur sun cinupêta | besuk satêngahing jurit | yèn mangkono sayêkti dêdawa wirang ||

30. sawadyane ingundhangan | padha salata kajati | ngungkungên nêdha Pangeran | mangkana Sang Adipati | Suryanagara mangkin | miyarsa pawarta katur | saking nagri Samarang | yèn wontên caraka prapti | saking ing Rum Jêng Sultan Muhamad Lekan ||

31. utusan amêmariksa | risakipun tanah Jawi | apa ingkang dadi purwa | Sarip Bêsar kang tinuding | jêjêr priyayi Turki | gêng inggil siwêr abagus | nèng gêdhong petor bêsar | inggih kèndêle samangkin | angêntosi prayogine kang dinuta ||

32. Kumpêni ajrih sadaya | tangkêbe sami anggusti | dhatêng Tuwan Sarip Bêsar | inggih Tuwan Sèh Ibrahim | warti duta sing Turki | wadyanipun kalih èwu | punika mêmisanan | lawan Sultan Abab nênggih | ingkang rama Jêng Sultan Muhamad Lekan ||

33. kumêpyur wardayanira | sang nata osik ing galih | apa ta iki dhawuha | iya pitulung Hyang Widhi | rusaking tanah Jawi | kapyarsa saking nagri Rum | baya ta linuwaran | kèlême nagara Jawi | singa-singa iya kang dadi jalaran ||

34. sang nata alon ngandika | Adhi Suryanagarèki | bêcik sira anêlika | marang nagara Samawis | yêktine kang pawarti | Suryanagara umatur | inggih langkung prayoga |

--- 78 ---

Arya Jayèngrana aglis | nêmbah matur kawula adarbe magang ||

35. punika langkung prayoga | têtiyang saking pasisir | kadi botên kawênangan | kakange wontên Samawis | ngandika sri bupati | iya undangên ngarsèngsun | ingkang tinuduh mêdal | Jayèngrana animbali | lêbêtipun angirid kang badhe duta ||

36. sapraptanirèng ngayunan | dinulu langkung prayogi | awongwong bisa sambada | lajêng kadhawuhan wêling | nêlika mring Samawis | ana caraka saking Rum | iku waspadakêna | priye anggêpe Kumpêni | lah mangkata nêmbah kang dinutasmara ||

136. Asmaradana

1. kunêng malih kang winarni | Pangeran Mangkunagara | rêmbage lawan idêlèr | idêlèr akêdah nglanggar | nyabrang ngalèr bêngawan | angêsuk saênggènipun | mring Susunan Kabanaran ||

2. pangeran rêmbagirèki | pratela watêking mêngsah | tinutur marang idêlèr | wong bumi kang pira-pira | wong desa dadi mêngsah | gêdhe cilik padha ngamuk | sabên wêngi pan wus adat ||

3. yèn inganti kidul kali | mungsuh iku lawas-lawas | yèn Sukawati risake | sayêkti iku anglanggar | Pangran Mangkunagara | pamit marang dêlèr wau | arsa mring môncanagara ||

4. pisaha sakêdhap nuli | mungsuh iku nuli prapta | Kumpêni ginêcak age | samôngsa mungsuh nyabranga | kula anuli prapta | anggitik têka ing pungkur | dêlèr anurut kewala ||

5. budhal saking [sa...]

--- 79 ---

[...king] Batu Tangkil | Pangeran Mangkunagara | kêbut sawadyakuswane | tanggal kaping tiga wêlas | gumuruh balanira | anggêcak nagri Madiun | angampiri Jagaraga ||

6. Bupati ing Jagaragi | amêthuk ing prang sakêdhap | lajêng anglorot mangalèr | Pangeran Mangkunagara | lajêng sabalanira | anggêcak nagri Madiun | wus prapta jajahanira ||

7. Madiun miyarsa warti | gègèr têpis iringira | kadhatêngan mungsuh gêdhe | duk lagya amêpak bala | badhe bantu ngayuda | Pangran Dipati Madiun | têtulung mring Pranaraga ||

8. wande dhatêng Pranaragi | mantri tampingan tur priksa | mêngsah punika wartane | inggih raka jêngandika | Pangran Mangkunagara | langkung gêng dêdamêlipun | pangran dipati miyarsa ||

9. kang raka dipun aturi | Pangeran Purwanagara | sapraptanira dalême | pangran dipati ngandika | Kakang Purwanagara | gêtêre kang mungsuh rawuh | kang êmas Mangkunagara ||

10. Purwanagara nauri | adora warta punika | mriki punapa damêle | wong sawêg ajêng-ajêngan | lan rama jêngandika | wong warta liwat anggandur | amrih gêgiris samana |

Lajêng nyandhak jilid 15.

--- [0] ---

Isinipun

... Kaca

91. Pangeran Buminata asrah pêjah gêsang dhatêng ingkang raka Sunan Kabanaran ... 6

92. Pangeran Mangkunagara èstu pêthal kalihan ingkang rama Sunan Kabanaran, lajêng pêrang rêbatan bawah ... 18

93. Kumpêni dipun biyantu Pangeran Mangkunagara badhe ngantêp pêrang kalihan Sunan Kabanaran ... 39

94. Sèh Ibrahim sudagar Turki dipun saraya ing Kumpêni kapurih ngrêrapu panggalihipun Sunan Kabanaran ... 61

95. Madiun lan Pranaraga kenging karêbat dhatêng Pangeran Mangkunagara ... 73