Sastra Jawa

Program Digitalisasi Sastra Daerah

  • Increase font size
  • Default font size
  • Decrease font size

Babad Giyanti, Balai Pustaka, 1937-39, #985 (Jilid 15)

Katalog:Babad Giyanti, Balai Pustaka, 1937-39, #985
Sambung:
1.Babad Giyanti, Balai Pustaka, 1937-39, #985 (Jilid 01). Kisah, Cerita dan Kronikal | Babad Giyanti #1061.
2.Babad Giyanti, Balai Pustaka, 1937-39, #985 (Jilid 02). Kisah, Cerita dan Kronikal | Babad Giyanti #1062.
3.Babad Giyanti, Balai Pustaka, 1937-39, #985 (Jilid 03) . Kisah, Cerita dan Kronikal | Babad Giyanti #1063.
4.Babad Giyanti, Balai Pustaka, 1937-39, #985 (Jilid 04). Kisah, Cerita dan Kronikal | Babad Giyanti #1064.
5.Babad Giyanti, Balai Pustaka, 1937-39, #985 (Jilid 05). Kisah, Cerita dan Kronikal | Babad Giyanti #1065.
6.Babad Giyanti, Balai Pustaka, 1937-39, #985 (Jilid 06) . Kisah, Cerita dan Kronikal | Babad Giyanti #1066.
7.Babad Giyanti, Balai Pustaka, 1937-39, #985 (Jilid 07). Kisah, Cerita dan Kronikal | Babad Giyanti #1067.
8.Babad Giyanti, Balai Pustaka, 1937-39, #985 (Jilid 08) . Kisah, Cerita dan Kronikal | Babad Giyanti #1068.
9.Babad Giyanti, Balai Pustaka, 1937-39, #985 (Jilid 09). Kisah, Cerita dan Kronikal | Babad Giyanti #1069.
10.Babad Giyanti, Balai Pustaka, 1937-39, #985 (Jilid 10). Kisah, Cerita dan Kronikal | Babad Giyanti #1070.
11.Babad Giyanti, Balai Pustaka, 1937-39, #985 (Jilid 11) . Kisah, Cerita dan Kronikal | Babad Giyanti #1071.
12.Babad Giyanti, Balai Pustaka, 1937-39, #985 (Jilid 12). Kisah, Cerita dan Kronikal | Babad Giyanti #1072.
13.Babad Giyanti, Balai Pustaka, 1937-39, #985 (Jilid 13) . Kisah, Cerita dan Kronikal | Babad Giyanti #1073.
14.Babad Giyanti, Balai Pustaka, 1937-39, #985 (Jilid 14) . Kisah, Cerita dan Kronikal | Babad Giyanti #1074.
15.Babad Giyanti, Balai Pustaka, 1937-39, #985 (Jilid 15) . Kisah, Cerita dan Kronikal | Babad Giyanti #1075.
16.Babad Giyanti, Balai Pustaka, 1937-39, #985 (Jilid 16). Kisah, Cerita dan Kronikal | Babad Giyanti #1076.
17.Babad Giyanti, Balai Pustaka, 1937-39, #985 (Jilid 17). Kisah, Cerita dan Kronikal | Babad Giyanti #1077.
18.Babad Giyanti, Balai Pustaka, 1937-39, #985 (Jilid 18). Kisah, Cerita dan Kronikal | Babad Giyanti #1078.
19.Babad Giyanti, Balai Pustaka, 1937-39, #985 (Jilid 19). Kisah, Cerita dan Kronikal | Babad Giyanti #1079.
20.Babad Giyanti, Balai Pustaka, 1937-39, #985 (Jilid 20). Kisah, Cerita dan Kronikal | Babad Giyanti #1080.
21.Babad Giyanti, Balai Pustaka, 1937-39, #985 (Jilid 21). Kisah, Cerita dan Kronikal | Babad Giyanti #1081.

Serie No. 1259n

Babad Giyanti

Anggitanipun Radèn Ngabèi Yasadipura I ing Surakarta.

Jilid 15.

Bale Pustaka - 1938 - Batawi Sèntrêm.

--- [2] ---

Wêwênangipun ingkang ngarang kaayoman miturut anggêr ingkang kapacak ing sêtatsêblad 1912 No. 600.

--- [3] ---

Madiun lan Pranaraga kenging karêbat dhatêng Pangeran Mangkunagara.§ Miturut babon ingkang sumimpên ing Kon. Bat. Gen. v. K. en W.

11. Purwanagara nulyamit | wontên mantri kalih prapta | langkung pratela ature | èstu raka jêngandika | piyambak ingkang tindak | langkung gêng dêdamêlipun | pangeran dipati sigra ||

12. siyaga sawadyanèki | budhal marang wismanira | Pangran Purwanagarane | prapta pangeran ngandika | kakang lah dawêg kesah | dene wadine kang mungsuh | amopo Purwanagara ||

13. pinêksa ingajak gingsir | Pangeran Purwanagara | nanging mêksa pamopone | ature Purwanagara | sampeyan langkung karsa | suwawi kula tut pungkur | ing saonjotan kewala ||

14. budhal pangeran dipati | Pangeran Purwanagara | ngatêrakên ing lampahe | dupi antuk saonjotan | wangsul Purwanagara | sapraptane dalêmipun | kêbak wong ngili busêkan ||

15. para mantri angaturi | luwung age lumèngsèra | kang mêngsah dede wadose | Pangeran Purwanagara | bêkuh tan purun kesah | tinangisan rabinipun | ingajak angoncatana ||

16. nanging puguhe tan sipi | mêksa maido kewala | Si Ranadiningrat bae |

--- 4 ---

agawe-gawe lokira | tan adangu gumêrah | mungsuh prapta ngalun-alun | turôngga tanpa wilangan ||

17. lajêng angêpung bathithit | angubêngi pagêr bata | Purwanagara balane | kathah malêdug sarsaran | binujung marang mêngsah | amung sèkêt balanipun | kang tumut muwêr jro bata ||

18. akèn nabuh Carabali | Pangeran Purwanagara | mungsuh eram sami kagèt | Pangeran Mangkunagara | wau duk amiyarsa | kang carabalèn angungkung | kalangkung bramantyanira ||

19. ing alun-alun wus prapti | wadya kinèn angrampita | amadung lawang korine | mènèka pagêre bata | wadya ngarsa turira | rayi paduka wus dangu | lolose ngalèr angetan ||

20. dene kang kantun puniki | amung pun Purwanagara | kang anatab carabalèn | pangran langkung dukanira | wadya sarêng tumandang | angandhani banonipun | ana kang madungi lawang ||

21. wus bujad lawangirèki | jinêjêk mring Ônggaima | pan Walônda mantri jêro | saudhune saking kuda | tumut prajurit ngarsa | Ki Ônggaima malêbu | sarwi anyangking sanjata ||

22. kang wetan kalêbon nuli | ingkang manjing bêbutulan | lajêng acampuh prang rame | Pangeran Purwanagara | misih anabuh kêndhang | lêbête Ônggaimèku | angadêg Purwanagara ||

23. durung nyandhak waosnèki | misih nyêkêl tabuh kêndhang | kêndhange kang carabalèn | asigra pun [pu...]

--- 5 ---

[...n] Ônggaima | Pangran Purwanagara | sinanjata nginggil suku | watgata lajêng aniba ||

24. Ônggaima malayoni | kancane nusul wus kathah | malêdug wau balane | kacandhak ingkang wolulas | kang sami pinêjahan | ingkang akathah atutut | prasami kacandhak gêsang ||

25. Ônggaima angakahi | ing Pangran Purwanagara | lajêng pinocok sirahe | akathah bandhanganira | kancane jawil sigra | hèh Ônggaima sirèku | wis uwis lah undurana ||

26. iku kang sira patèni | santanane gustinira | ibune kang mati kuwe | lan putri Kahèrucakran | Pangeran Hèrucakra | kadange susunan prabu | dadi iku sanak misan ||

27. kalawan gustinirèki | Ônggaima duk miyarsa | sumilak pucêt ulate | wus katur lawan pangeran | pêjah Purwanagara | Ônggaima praptèng ngayun | bongkok pêdhang dhuwungira ||

28. pangeran kagyat ningali | wontên matur Ônggaima | kang mêjahi pangerane | nênggih pun Purwanagara | dèrèng wruh yèn santana | ing mangke sawêg angrungu | mila atur pêjah gêsang ||

29. pangeran gumujêng bêlik | asru dènira ngandika | Ônggaima aja kowe | iya dadak kasusahan | nadyan iku santana | ujêr iku satrunipun | bôngga wajib pinatènan ||

30. lah iya bêgjanirèki | saprabote ingkang kêna | wus saduwèkira kabèh | lêga tyase Ônggaima |

--- 6 ---

tur sêmbah kaping sanga | gumêr kang sami andulu | panêmbahe Ônggaima ||

31. Radèn Sumadirja prapti | apan sampun pinaringan | nagri Madiun saparo | alungguh nèng kasêpuhan | pama gantyaning rama | Pangran Mangkudipurèku | dene Madiun kanoman ||

32. arine kang anglabuhi | nama Radèn Sumadirja | limang èwu kanomane | pitung èwu kasêpuhan | sawusnya paparentah | Pangran Mangkunagarèku | budhal marang Pranaraga ||

33. pangajêng budhale enjing | wuwusên ing Pranaraga | Pangran Mangkudiningrate | prapta kidul Pranaraga | anjog saking ing ngarsa | pinêthuk prang rame campuh | lawan Radèn Surabrata ||

34. langkung dènira gagahi | Dyan Tumênggung Surabrata | mila ngantêp kawanène | kawratan ing danakrama | mring Natèng Kabanaran | mila labuh rêmak rêmpu | suka pêjah madyaning prang ||

35. ing sabên dina ajurit | lan Pangran Mangkudiningrat | datan gingsir ing yudane | wadya tan bisa manêngah | Pangran Mangkudiningrat | nètèr pinggir Wukirkidul | pêngkuh prange Surabrata ||

36. wontên mantrine tur pêksipèksi. | Dyan Tumênggung Surabrata | anggèr punika wartine | dêdamêl saking lèr prapta | Pangran Mangkunagara | mêntas bêdhah ing Madiun | mêjahi Purwanagara ||

37. luwung suwawi gumingsir | asupit ênggèn punika | Surabrata lingiralon | Paman Rôngga Suradipa | lingsêm kula oncata | sadèrèng katingal mungsuh | matur Rôngga [Rông...]

--- 7 ---

[...ga] Suradipa ||

38. yèn katingal kadospundi | Pangeran Mangkunagara | dede sêsanggèn balane | angling Radèn Surabrata | lamun makatên paman | rêrepot wadon puniku | gawanên munggah mring arga ||

39. wong ngarêp andika kêrig | ngiring rêrepot sadaya | kula dika tinggal mangke | wong pitung atus turôngga | kang sami pêpilihan | wonge lawan kudanipun | wus bubar ungkur-ungkuran ||

137. Pangkur

1. angili lan ingkang Paman | Surabrata sampun angèsthi pati | amung kuda pitung atus | patang rakit bandera | Surabrata ambêndhe nglanggar mangidul | wadya Mangkudiningratan | panganjure anadhahi ||

2. sinarêmpêng sampun dhadhal | kagegeran sami minggah ing wukir | wau Rahadèn Tumênggung | Surabrata barisnya | majêng ngilèn pamrihe sami pakantuk | kang lèr kalamun praptaa | sayêkti sami kaèksi ||

3. Pangeran Mangkunagara | barisira kèndêl ing Kaliasin | andangu mantri pangayun | kang rayi ênggènira | dèrèng ngancik nagari maksih nèng gunung | kapêngkok wong Pranaraga | Surabrata anadhahi ||

4. langkung bramatya ing driya | Pangran Mangkunagara duk miyarsi | ginêlak ing lampahipun | praptanirèng jro kitha | mantri ngarsa prasamya lajêng mangidul | kapêthukan barisira | Surabrata anadhahi ||

5. rame dènira ayuda | Surabrata ngundhangi wadyanèki | payo aja na

--- 8 ---

lumayu | sêrodên ing ayuda | kang nindhihi gumrêgut sami amuwus | mêngko padha lumayua | yèn wus katon payung kuning ||

6. yèn padha Jawa kewala | alêksana apa gawe ngoncati | pangarsa prangira nubruk | êdir pangrasanira | gêtas bae Pranaraga adatipun | mangkya tinunjang apanjang | anêrot anunjang wani ||

7. kagum kagèt tan anyana | Pranaraga prange bôndakalani | pangeran wau amuwus | duk arsa masanggrahan | jroning kitha pangarsa kawon prangipun | malêdug kathah kabranan | pangeran têngara aglis ||

8. wande makuwon jro kitha | pan kasusu tulung bala pangarsi | budhal sawadya mangidul | Tumênggung Surabrata | duk tumingal ana payung kuning mêtu | anuwarèng balanira | payo ngèrèt ngetan aglis ||

9. binêrêg wong jro mangetan | dupi cêlak wana sami nyamêthi | turôngga kèh sarêng mamprung | ilang manjing ing wana | ting balêsar kathah kang minggah ing gunung | wangsul mangilèn pangeran | masanggrahan sawadyèki ||

10. anèng dhusun Kasatriyan | pinggir lèpèn alit ragi atrêbis | wadya makuwon sadarum | kang rayi wus miyarsa | Pangran Mangkudiningrat sabalanipun | wus nunggil ing Kasatriyan | lawan kang raka wus panggih ||

--- 9 ---

96. Sunan Kabanaran kasoran prangipun kalihan ingkang putra Pangeran Mangkunagara

11. wau ta kang kawuwusa | kang abaris Bancar sri narapati | andadosakên kang rêmbug | ngêlar-êlar jajahan | Ki Tumênggung Alap-alap kang tinuduh | lan Radèn Pringgadiningrat | katiga Dipadirjèki ||

12. sami kinèn mêndhêtana | tanah Pajang turut Gondhang ing Wêdhi | Pamasaran Wukirkidul | Peperan sapangetan | tri punggawa kêkapalan pitung atus | wus budhal saking ing Bancar | Mas Rôngga ingkang winarni ||

13. saking pabarisan ngarsa | wontên prapta saking môncanagari | Pangran Mangkunagarèku | Madiun sampun bêdhah | Pangerane Madiun kacandhak lampus | buh kanoman kasêpuhan | pangerane kang ngêmasi ||

14. Mas Rôngga sumiwèng ngarsa | nêmbah matur pukulun sri bupati | pêcah nagari Madiun | pangeranipun pêjah | duka dalêm kang anèm miwah kang sêpuh | Sri Bupati Kabanaran | wau kalane miyarsi ||

15. kalangkung bramantyanira | angundhangi mring sagung pra dipati | budhalan marang Madiun | enjing sigra têngara | sakathahing prajurit sampun akumpul | sumrêg budhal saking Bancar | anabrang bangawan aglis ||

16. Garogol kidul bangawan | kèndhêl saking randhat panabrangnèki | duk bêna bangawanipun | môngsa ing rêrêndhêngan |

--- 10 ---

saking kiranging baita ana lêsung | ingkang kinarya anabrang | ana kang karya gèthèk pring ||

17. tigang dina tuntasira | wus akumpul ing Garogol prajurit | kang wadya samya tinantun | wani ingadu aprang | lan bature Si Mangkunagara iku | yèn wêdi padha karia | yèn wani barêng lan mami ||

18. kang matur purun sadaya | angandika wau sri narapati | padha undhangna wadya gung | sun jabêl paring ingwang | Adipati Mangkunagara puniku | padha sira ngaranana | Suryakusuma samangkin ||

19. wadyagung sami sandika | budhal saking Garogol têngah wêngi | margi anasak wanagung | rêngkêt angèl kalintang | pêtêng-pêtêng pan ginêlak lampahipun | wau lampahe sang nata | langkung angowah-owahi ||

20. sarêng byar kèndêl nèng alas | ngara-ara wadya pating kulicir | nulya ana wong Madiun | prapta atur uninga | kang wus pasthi Pangran Purwanagarèku | pêjah anèng palataran | wolulas rencange mati ||

21. dene putra padukèndra | ngalor ngetan lolosipun rumiyin | sampun kêdhik abdinipun | malajêng ting balêsar | kilap inggih risak lan basukinipun | dèrèng wontên kang pawarta | duk miyarsa sri bupati ||

22. kalangkung bramatyanira | sigra Gêndhong lan Ranawijayèki | kinèn amisah angruruh | sami lampah anamar | sigra munya têngara budhal gumuruh | saking Karas lampahira | sadina cupêt lumaris ||

--- 11 ---

23. kèndêl rêp anulya budhal | praptanira ing Bayêm têngah wêngi | wontên prapta wong Madiun | tinanggap aturira | yèn Pangeran Mangkunagara wus laju | sampun wontên Pranaraga | aprang lan Surabratèki ||

24. Surabrata wus kasoran | rencangipun kathah pêjah myang kanin | duk prang lan Pangeran Timur | apan dèrèng kasoran | kawonipun Pangran Mangkunagarèku | kang amukul saking wuntat | duk miyarsa langkung runtik ||

25. tan nganggo têngara budhal | kang wadyagung tan ana kobêr bukti | miwah tan kobêr aturu | lan sangu sami pisah | pan sarêng byar praptanira ing Madiun | Pangran Dipati Bintara | praptane marêbês mili ||

26. nanging tan purun matura | Pangran Mangkukusuma sami sêdhih | tuwin kang para tumênggung | sami pucêt sadaya | Pangran Natakusuma sami tan purun | Mas Rôngga kêkês kewala | pra dipati langkung jêgrik ||

27. wau kang darbe nagara | ing Madiun rawuhe sri bupati | pan kasusu kawur-kawur | nusul mring Pranaraga | sapraptane Kasatriyan sampun surup | lajêng marêk ing ngajêngan | matur ngaturi udani ||

28. yèn rama paduka prapta | Pangran Mangkunagara duk miyarsi | kagyat ing dalu pan gugup | nimbali pra dipatya | Ki Dipati Kudanawarsa nèng ngayun | Janingrat lan Janapura | miwah ingkang para mantri ||

29. pangeran alon ngandika | kayaparan kiyai iki prapti | wong wadonan besuk-esuk | dèn esuk budhalêna | mêtu

--- 12 ---

gunung anjog ing Pacitan iku | angulon anjog Wiraka | mandhêga Sêmbuyan sami ||

30. pangeran malih ngandika | kayaparan Kudanawarsa iki | apa oncat apa magut | matur Kudanawarsa | yèn suwawi luwung oncata pukulun | yèn rêmbag kônca punggawa | dawêg umatura sami ||

31. prasami kèndêl sadaya | sigra pangran wau ngandika malih | kiyai mungsuh lan ingsun | cincing môngsa kobêra | sawab misih nganggang-anggang tandangipun | ingsun anêmah anekad | pan ingsun anêdya mati ||

32. bocah mantri yèn anêdya | têmên-têmên iya sun ajak mati | mantri jro sarêng umatur | sandikane gumêrah | ya jinajal yèn enak lautanipun | yèn nora enak lumajar | anusul wadonan benjing ||

33. wus dadi pirêmbagira | dalu-dalu busêkan wong pawèstri | udan riwis-riwis dalu | banjir kali Satriyan | langkung agêng lèpène alit arêjung | dalu undhang karya sasak | kêna kaambah yèn enjing ||

34. wuwusên Natèng Banaran | nèng Madiun tan dangu kèndêlnèki | lajêng budhalira jujug | dhatêng ing Pranaraga | angah-angah nulya lampahira prabu | kadya ge nêmpuh ing aprang | ilang jatmikaning ngèlmi ||

35. ngalamat badhe kasoran | sarwa supe wêwatak nguni-uni | bubar ambabar têkabur | ngawuskên sêdyanira | yèn nêmêni durung dèrèng abên tarung | mêthi maria makuthak | mung niyat nuthuk sathithik ||

36. tan anyana yèn [yè...]

--- 13 ---

[...n] kang putra | nêdya nekad anêmah tan nêmêni | praptèng Pranaraga bangun | wadyane pinarênca | ngêpung bata sang nata kang mêtu ngayun | kapanggih suwung kewala | tan ana manungsa siji ||

37. langkung cuwa ing tyasira | nulya undhang kumpul sagung prajurit | kèndêl anèng alun-alun | sarêng duk praptanira | ingkang putra pangran dipati anusul | mung bêkta wadya sadasa | marêk ing rama wus panggih ||

38. rinangkul wau kang putra | matur kala binujung ing ajurit | kang rama nyêgah ing atur | uwis aja dinawa | angrêrundah ing tyas amuwuhi nêpsu | kèndêle ngêntosi êbyar | sarêng byar manggih wong siji ||

39. wong Madiun sikêp minggat | wus kacêkêl anulya dèn takoni | saure wontên ing ngriku | Pangran Mangkunagara | kidul kilèn dhusun Satriyan gènipun | dhusun Têgal Ampèl lèrnya | sampun rakit ngati-ati ||

40. katur sigra paparentah | aprang dharat prajurit kang priyayi | prajurit cilik puniku | kang sami nindhihana | panggonane jaban pangawat puniku | saking alun-alun mêdal | sapraptanira ing sabin ||

41. tinata pangawatira | Rôngga Suryanagara têngênnèki | kang kiwa pangawatipun | Pangeran ing Bintara | Pangran Mangkukusuma kanthinirèku | Pangeran Natakusuma | Pangran Pakuningrat nunggil ||

42. pangran ngabèi kinarya | lan kang raka pangeran adipati | pangirid ing ngarsa prabu | prajurit suranata |

--- 14 ---

mantri miji aparakkaparak. ing wuri prabu | pinilih lan brajayuda | kang munggèng ing kanan keri ||

43. gêlak lawan sri narendra | sinuwaran budhal sagung prajurit | saèngga alun gumulung | Pangran Mangkunagara | sabalane wau duk miyarsa gugup | matah kang môngka pangawat | kanan Kudanawarsèki ||

44. lawan Janingrat Mataram | Jasamodra Pangeran Timur kèri | Janapura kanthinipun | sami nginggil turôngga | Pangran Mangkunagara kalingan dhusun | lan mantri jêro kewala | nênggih sêdyane ngunduri ||

138. Durma

1. pan kasusu Pangeran Mangkunagara | gène nata prajurit | mungsuh sêlak prapta | kang dèrèng nabrang ngetan | prajurit saragni abrit | lan pêrangtandang | saragni irêng sami ||

2. lan pêrang nggo saragni jo myang tamtama | kang dèrèng nabrang sami | ingkang sampun nabrang | wus nunggil lan pangeran | saragni polèng lan bugis | mêngsah balabar | sawang-sinawang sami ||

3. ingkang lajêng campuh rumiyin pangawat | Danawarsa ginitik | mring Suryanagara | kanthi lawan Mas Rôngga | Kudanawarsa anganthi | lan Ki Dipatya | Janingrat ing Matawis ||

4. rame campuh ing aprang sami suranya | rame bêdhil-binêdhil | Mas Rôngga kalawan | Radèn Suryanagara | nêrob angrub ing ajurit | Kudanawarsa | lan Janingrat kalindhih ||

5. binalêdig wau de Suryanagara | pangeran wus ningali | yèn Kudanawarsa | Janingrat wus kasoran | mêngsah lan kapêdhak ngampil |

--- 15 ---

wontên sadasa | têtulung ing ajurit ||

6. Wirasana munggèng keringe Mas Rôngga | sigra pinistul aglis | marang ing pangeran | wêntisira kang kêna | tan pasah nanging asakit | Ki Wirasana | ingundurakên aglis ||

7. Danawarsa Janingrat sami uninga | yèn pangeran nulungi | sami wangsul sigra | Pangran Mangkunagara | datan angagêm jêmparing | namung sanjata | kumat encok astèki ||

8. wus binêrêg Rôngga lan Suryanagara | keron dènira jurit | dene Wirarana | kabranan pupu kiwa | sampun binêrêg ing jurit | pangawat sêmpal | kang kering têmpuh aglis ||

9. Pangran Mangkudiningrat lan Janapura | wus campuh kang anggitik | Pangeran Bintara | Pangran Natakusuma | rame ulêngan ajurit | kang munggèng dhadha | sang nata marentahi ||

10. payo bocah pinilih lan suranata | miwah brajayudèki | têmpuhên kang ika | baris sinang baranang | gone Suryakusumèki | sarêng umangsah | cêlak kalangan kali ||

11. kali banjir prasami tantang-tinantang | suranata gêbyuri | ingkang sami lanas | pinilih brajayuda | kang wus nabrang campuh aglis | ingamuk bubar | wong prangtandang saragni ||

12. linawan prang lèrès sanginggil turôngga | abêr ingkang angungsir | dharat lawan sayah | dènnya mêntas lêlampah | rina wêngi têlung bêngi | tan ana mangan | lajêng gêbyur ing kali ||

13. akalêbus akèh tan bisa lumampah | bêrêg jeprok [jepro...]

--- 16 ---

[...k] pribadi | bêdhil sami lênggah | tan ana ingkang angsal | wong jeprok binêdhil kêni | wong arip sayah | tatu kêdhik ngêmasi ||

14. saya kathah kang pêjah gampil kewala | nulya sami kaèksi | ingkang sinabrangan | dene gèning pangeran | inguwuh wangsula malih | wangsul sadaya | binêrêg ing turanggi ||

15. ting sêleyor tan ana kêras lumajar | tan kongsi nabrang siji | kacandhak sadaya | wontên wong pitung dasa | tumpês mung dadi sêsabin | sabin sakothak | kunarpaning prajurit ||

16. bêcik-bêcik patine gampang kewala | ukur kacuwik mati | wong kang sami sayah | ngêlih sarta kapiran | ilang bayuning ajurit | rêkasa mêksa | wau ta kang ajurit ||

17. mantri jêro kang sami kalingan desa | ingkang dèrèng ajurit | ngarompol nêmdasa | midikda katawêngan | ranu rumênggèng hyang rawi | lila mangarsa | arsa umangsah jurit ||

18. kawistara ing rama gèning kang putra | kèndêl atata malih | amapag angrupak | campuh ramening yuda | Pangran Mangkunagarèki | wingkinging bala | kalingan kopat-kapit ||

19. alok êsêm lamun sira lumayua | iya kapêngkok wukir | nadyan dudu sanggan | ing prang ayo anekad | bêja mati bêja urip | wadya miyarsa | umangsah ambêg pati ||

20. caruk rukêting prang gumuruh wurahan | akathah kang ngêmasi | wadyane kang rama | Wangsèngsari palastra | miwah Kaji Tapsirodin |

--- 17 ---

bêbêcikira | suranata pinilih ||

21. Ki Mukidin Purwadipura palastra | Ngali Muktaha mati | rusak barisira | nirbaya jagabaya | prajurit kaparak sami | kèngêr ing gêlar | ing aprang tanpa ngudhil ||

22. kanan keri sira ingkang kaparapal | amung gèn sri bupati | ingkang taksih wêtah | pan kinitêr kewala | nêmpuh kanan kering wuri | sira sang nata | nguwuh-uwuh kang mati ||

23. Pangran Mangkukusuma binêdhil kêna | tiba saking turanggi | katur ingkang raka | sakala langkung duka | angêmbat lawung kumitir | angungak-ungak | kang putra dèn ulati ||

24. Pangran Mangkunagara nora katingal | pijêr amobat-mabit | ngimpun prajuritnya | singa kang mandhêlonga | sakala dipun jêjêgi | dadya akêkah | sadangunira jurit ||

25. sigra wau Pangran Dipati Bintara | umatur saha tangis | mring raka narendra | suwawi ingoncatan | inggih wadya padukaji | kathah kang tiwas | dhuh kakang prabu aglis ||

26. nulya sri narendra ngingêrkên turôngga | pan arsa anuruti | marang aturira | nênggih Pangran Bintara | sumyur wadya kang dèn ungsir | ingkang atahan | tan pisah lawan gusti ||

27. pan ingungsir binendrongan ing sanjata | nênggih samargi-margi | wau pêjahira | Radèn Suraprameya | sadèrènge nabrang kali | dangu kapisah | kalawan sri bupati ||

28. tinututan ngamuk kinarubut kathah | dènira angêmasi | wau sri narendra | kapêngkok lampahira |

--- 18 ---

wadya sakarine mati | sadaya samya | kinèn nabrang rumiyin ||

29. ing bangawan sarikêt akulithihan | dèrèng nabrang kudèki | pangeran ngandika | lah mara bêdhilana | Kudanawarsa udani | lamun pangeran | maring kang rama lali ||

30. sigra ngêrap Danawarsa praptèng ngarsa | pan sarwi anyapihi | wong kang ananjata | sarwi matur tur sêmbah | dhuh gusti paran puniki | karsa paduka | dhumatêng ing ramaji ||

31. damêl seda saking marga siya-siya | botên arus ing bumi | inggih yèn paduka | gusti mangarsakêna | botên aprang malih-malih | lan rama tuwan | kula kang sagah mangkin ||

32. kula sagah ngengingkên rama paduka | inggih botên amargi | saking siya-siya | pangeran angandika | anut Kudanawarsèki | lah iya bocah | prajurit sadayèki ||

33. andhêgêna mring kiyai aja mêlak | dimèn nabrang aririh | mêngko yèn wus nabrang | nuli kinthilên padha | wau sagunging prajurit | kèndêl sadaya | wus nabrang sri bupati ||

34. balanira ingkang anututi nabrang | pinêlak ing turanggi | kagêbyur ing toya | kèli kathah kang pêjah | pra santana pra dipati | nyabrang sadaya | ngumpul lawan sang aji ||

35. wontên kalih atus kumpule kang wadya | ingkang sami turanggi | satus ingkang dharat | lajêng ing budhalira | prapta rêp anèng Sumampir | kèndêl sakala | nênggih ngêntosi abdi ||

36. ingkang sami kapisah kathah kang prapta | dupi ing

--- 19 ---

têngah wêngi | budhal saha bala | limang atus wus ana | duk kumpul anèng Sumampir | mangke kèndêlnya | ing Tulung sri bupati ||

37. Pangran Mangkunagara wau kèndêlnya | sakiduling Sumampir | langkung sukanira | unggul dènira yuda | Kudanawarsa ngaturi | kêkalih mêngsah | ingkang kacandhak urip ||

38. namanira Ki Bênêr lan Ki Jaraga | inggih Jaraga Ngukir | pangeran ngandika | ingsun siji kewala | Si Jaraga kang angukir | Si Bênêr iya | rawatana pribadi ||

39. byar raina saking Tulung budhalira | wau sri narapati | angalèr ngilènnya | Pangran Mangkunagara | budhal saking ing Sumampir | nèng Tulung dènnya | makuwon sarkarèki ||

97. Sunan Kabanaran kondur dhatèng Gagatan kèndêl ing Rêpaking Sukawati nêntrêmakên manahing para wadya. Pangeran Mangkunagara wontên ing Pranaraga miwaha ingkang paman Pangeran Purubaya, ingkang lajêng sêsilih asma Pangeran Arya Cakranagara

139. Dhandhanggula

1. kawuwusa wau kang lumaris | Natèng Banaran sadina-dina | dhusun Sumambung kèndêle | tanah bumi Madiun | ingkang kilèn watêse nunggil | lawan ing Jagaraga | êlèr kilènipun | langkung rujit kang wardaya | ingkang ketang [ke...]

--- 20 ---

[...tang] adhuh dêdukaning Widhi | angas têkabur ing tyas ||

2. kang sumêlang tyasira narpati | putra jalu apan kalih pisan | dèrèng kantênan wartine | gêsang lan sedanipun | duk kapisah madyaning jurit | kang abdi kathah-kathah | wus sami angumpul | kang prapta duk kèndêlira | ing Sumampir wontên tigang atus nênggih | ingkang kaatur samya ||

3. nèng sumambung dèrèng kèndêl prapti | mung kang putra kalih dèrèng prapta | Pangran Adipati Anèm | kalawan arinipun | wau sira pangran ngabèi | tyasira kawuyungan | ngurêng rêntêngipun | tan antuk nadhah anendra | prapta wau nênggih kang punggawa katri | rumiyin kang dinuta ||

4. ngirup-irup ing bawahirèki | Pangran Dipati Mangkunagara | kang dèn ingkud jajahane | kathah têlukanipun | kang binêkta sowan sang aji | nêdya mring Pranaraga | kapêthuk Sumambung | Ki Tumênggung Alap-alap | sami ngujung kalihe Dipadirjèki | katri Pringgadiningrat ||

5. kêkapalan kalih èwu nênggih | angsalira bupati katiga | Alap-alap kapalane | sadaya wolung atus | Ki Tumênggung Dipadirjèki | nêmatus kang turôngga | pan prajuritipun | Tumênggung Pringgadiningrat | gih nêmatus prajurit ingkang turanggi | dharatipun akathah ||

6. langkung asrêp tyasira narpati | dadya rèrèh kongsi tigang dina | anèng Sumambung lamine | nulya wau anuduh | angulati kang putra kalih | sira Arya Panatas | anamur tinuduh | lan Dêmang [Dê...]

--- 21 ---

[...mang] Gonggang Galungan | Dêmang Bulu Kumêndhung lan Rajêgwêsi | kapat sami anamar ||

7. sigra budhal wau sri bupati | saking Sumambung saha balanya | lampahira ngalèr ngilèn | anèng marga sadalu | enjingipun anulya prapti | dhusun ing Sukawatya | Sumbêran ranipun | masanggrahan saha bala | ngarêm-arêm mring sagung para prajurit | gêladhi ngara-ara ||

8. ingkang ibu anèng Ngrancang prapti | sêkêl malih kang putra sor ing prang | kang wayah ical kalihe | nulari sang aprabu | kambuh-kambah kadhudhah sêdhih | raga rug kawigaran | wiyoga kagiyuh | sumpêg manaput ing driya | darawasèng sandea tyasira tistis | matis anrus tan kesah ||

9. kunêng kang agung sungkawèng galih | ngungkung salat Natèng Kabanaran | lawan sagung prajurite | wau ta kang winuwus | Pangran Mangkunagara mangkin | ingkang amasanggrahan | wontên dhusun Tulung | lèr wetaning Kamagêtan | kidul kilèn saking Madiun nagari | lèr kilèn Pranaraga ||

10. dangu marang Kudanawarsèki | pira kèhe pêpati sadaya | Danawarsa lon ature | inggih duk mêntasipun | saking aprang dipun cacahi | kapanggih gangsal bêlah | kajawi pukulun | Rahadèn Suraprameya | miwah Radèn Purbanagara kêkalih | pan amung gangsal bêlah ||

11. inggih langkungipun pan kêkalih | dupi sadalu enjing cinacah | kula kèn mangsuli malèh | akêdhik ingkang kantun | amung sèkêt kirang kêkalih | tilasipun [tilasi...]

--- 22 ---

[...pun] mêrangkang | inggih kesahipun | anuwun dèrèng kaduga | inggih wontên kang panggih dhusun satunggil | kang dèrèng pati bagas ||

12. tinakenan inggih botên kikip | sarêng mambêt bun dalu mêrangkang | sami ngulari kancane | punika wartinipun | jêng pangeran jêtung miyarsi | lah tumênggung kabranan | ana banjur lampus | apa iya banjur waras | Ki Dipati Kudanawarsa turnyaris | sakawan ingkang pêjah ||

13. kang sadasa lajêng sarasnèki | dadya nênêm têtêp ingkang pêjah | sasat pêjah ing ajange | sami lan pêjahipun | gih pun Jayaprameya sami | lan pun Tunawaskitha | ing upaminipun | pati tan kenging dèn akal | paran mêngko bêcike ing laku iki | banjur apa mandhêga ||

14. aturipun Kudanawarsa ris | yèn ing lampah lajêng umantuka | dhatêng Pajang Matarame | kangelan tan pakantuk | pan ing bumi môncanagari | dèrèng wontên palihan | ingkang sami suyud | kathah ingkang sami trêsna | pra dipati ing rama tuwan sang aji | suwawi tinêngganan ||

15. ing sawulan kewala ta gusti | tata-tata umacak punggawa | angupados prayogine | wontêna kanthinipun | Pangran Mangkudipura Gusti | mêngsah môncanagara | gusti ingkang amung | Pangeran Mangkudipura | ingkang sampun keringan ing kanan kering | prawiraning sudira ||

16. sigra Pangran Mangkunagarèki | yèn mangkono lah payo budhalan | maring Pranaraga manèh |

--- 23 ---

datan kawarnèng dalu | enjing budhal sawadya atri | prapta ing Pranaraga | wau kang jinujug | sakidul wetaning kitha | dhusun Wanakarta kang dèn pasanggrahi | wadyagung pamondhokan ||

17. Pangran Mangkudipura ngaturi | kadang ipene kang lêlêganan | apan ing nguni randhane | Pangran Silarong iku | inggih dèrèng arsa akrami | antuk kusuma desa | punika pukulun | sumanggèng karsa paduka | nadyan inggih kaparingna para mantri | mijil lajêng paduka ||

18. Pangran Mangkunagara lingnyaris | ingsun eling iya Danawarsa | Si paman Purubayane | ngundhêr nèng Gunungkidul | duk tinukup kongsi barindhil | wong nora duwe bêja | cilakane muput | hèh ta iku Danawarsa | kongkonana Si Paman Purbaya iki | prapta ing Pranaraga ||

19. konên ngatêr punggawa sawiji | Si Tumênggung Suramangunjaya | kabèh lan sagêgamane | Danawarsa wotsantun | sigra nuding mantri kêkalih | ing Magêtan winarna | prapta Gunungkidul | panggih Pangeran Purbaya | wus binêkta ing marga datan winarni | praptaning Pranaraga ||

20. lajêng sumiwèng ngarsanirèki | Pangran Mangkunagara ngandika | paman paduka ing mangke | asiliha jêjuluk | inggih nuli paduka rabi | putri ing Panaraga | apan randhanipun | paman Silarong ing kuna | inggih dèrèng imah-imah malah mangkin | yèn tan antuk pangeran ||

21. dening jêjuluk paman ta mangkin | Pangeran Arya Cakranagara | manawi wontên bêgjane |

--- 24 ---

nama Purubayèku | salamine katoring-toring | padha angèstrènana | sagung pra tumênggung | sadaya saur kukila | duk puniku pangeran wus ningkah aglis | lan putri Pranaraga ||

98. Sultan Bantên mendha-mendha dados santri saking Gowong badhe nusul Sunan Kabanaran dhatêng ing Sukawati wontên ing dhukuh Rêpaking dipun pêndhêt mantu kalihan kiyai Nur Iman

22. ya ta kunêng kawuwusa malih | Kêdhu Pagêlèn Pajang Mataram | Sakèbêr majêng barise | sampun tilar ing Kêdhu | amangsuli bumi Matawis | gunung Gamping barisnya | ajêjagang kukuh | tarub kabèh wong Mataram | Kyai Surajênggala lan Rajaniti | angêmbani Walônda ||

23. pun Kapitan Sungrat kang tinuding | baris ngajêng anèng Parambanan | ênggèn pangajêng lamine | Kulman pan dêr Pol Kêdhu | Mangkuyuda ingkang jagani | Paglèn Kapitan Bagrak | sumabitèng laku | Ki Tumênggung Arungbinang | duk puniku angaturakên pawarti | marang Kapitan Bagrak ||

24. sabalike Mangkunagarèki | marang idlèr saiki wus aprang | Susunan Mangkubumine | kinarubut ro iku | dêlèr Pangran Mangkunagari | Susunan Kabanaran | wus kasor prangipun | rêmpu balane kèh pêjah | Tuwan Pangran Mangkukusuma

--- 25 ---

ngêmasi | kasambut ing ayuda ||

25. misih tumut kang raka sang aji | Pangran Purbaya tumut Pangeran | Mangkunagara balike | Kapitan Bagrak muwus | dadi êntèk mungsuh puniki | yèn Mangkubumi rusak | sapa manèh mungsuh | nauri Kyai Rungbinang | salawase mungsuh kang bôndakalani | mung siji iku iya ||

26. ya ping pira-pira mring Kumpêni | Mangkubumi rusak pinukul prang | lèrène rong sasi bae | nulya kèh balanipun | banjur aprang amêmalahi | aja kakira-kira | karusakanipun | lamun trah Raja Mataram | karo badan tan kêna dèn mêjanani | ngungun Kapitan Bagrak ||

27. duk samana Pagêlèn arjaning | pabarisan wus kadi nagara | sagêluh pelak patute | pasar agêng ing ngayun | malah dagang Samarang prapti | tanah Pajang Mataram | dadi joganipun | akèh nungkul pra dipatya | para mantri numbakanyar akèh prapti | nungkul Kyai Rungbinang ||

28. Kapitan Bagrak Pêrlop sinalin | ingkang ganti saking Batawiah | binisikan Kapitan Sèl | Kapitan Bagrak sampun | budhal mantuk marang Batawi | ngungun ingkang tinilar | malih kang winuwus | Sultan ing Bantên kèwêdan | wontên Gowong panggènanipun kasupit | ing kiwa têngên mêngsah ||

29. kancanipun ingkang tunggil baris | kang pra dipati bubar sadaya | nging misih ngadêg barise | wontên Gowong puniku | botên nungkul marang Matawis | maring Pagêlèn [Pagêlè...]

--- 26 ---

[...n] ora | miwah marang Kêdhu | lan Tumênggung Mangkudirja | kanthinira dèrèng wontên nêja gitik | kalangkung susahira ||

30. Sultan Bantên sangêt dènnya watir | muwus mring Tumênggung Mangkudirja | kakang tumênggung bêcike | kula kakang anusul | mring Sang Nata Banaran mangkin | kula lumaku namar | botên gawa batur | mung dika gawani kakang | batur dika kang wus wruh Pajang Matawis | inggih siji kewala ||

31. kula dhewe gawa batur siji | laku ngedan cara santri kakang | wus sami rêmbag kalihe | wus lajêng lumastantun | prajurite wong suralathi | mung kantun tigang dasa | tinilarkên sampun | mring Tumênggung Mangkudirja | lampahira nusup dharat tan katawis | cara santri kewala ||

32. sabên kèndêl angulari masjid | namanira ngalih Ki Mustapa | wus langkung Kêdhu lampahe | lajêng anênggêl gunung | ing Pênthongan kang dèn margani | ngetan anjog ing Tumang | kèndêl tigang dalu | ing ngriku ngupaya warta | panggènane Susunan Amangkubumi | apadhang tuturira ||

33. wontên tanah bumi Sukawati | ing lèr kilèn wastaning Sumbêran | watawise ing samangke | nadyan kesah gènipun | tan atêbih ing Sukawati | Tumang maksih kacungan | ngriki maksih tumut | ing Sang Nata Kabanaran | apêparon maring Surakarta inggih | anulak karusakan ||

34. Sultan Bantên sigra angkatnèki | saking Tumang mangalèr angetan | anjog Gagatan sêdyane | langkung kawêlasayun |

--- 27 ---

arêrendhon lampahirèki | ing lêlakon sadina | dadya tigang dalu | singa kandhêgan kampiran | sami asih dene pamulune misih | tan ilang sutèng raja ||

35. nèng Gagatan kèndêl ing Rêpapaking |Lebih satu suku kata: nèng Gagatan kèndêl ing Rêpaking. tigang dalu sangêt sayahira | nèng dhukuh pinggiring lèpèn | wontên surone patut | sêdya ngasokakên ing sikil | wismane Ki Nur Iman | nguni kaumipun | Ki Tumênggung Jayadirja | Sultan Bantên ayêm ing papan prayogi | kalawan amiyarsa ||

36. wong sadesa nênggih sami sêpi | sami nambut damêl pasanggrahan | ing Dhuwêt sêsaosane | Natèng Banaran ngayun | masanggrahan badhe alami | sawetaning Gagatan | mung lakon sabêdhug | miyarsa srêp manahira | Sultan Bantên dèn andhêg dèn gumatèni | marang Kyai Nur Iman ||

37. têlas labêt ing sayah lumaris | anèng dhusun sampun patang dina | dènira dus esuk sore | wus mêdal cahyanipun | alus tingkah jatmika wingit | yèn kalanira salat | Ki Nur Iman tumut | ngadani lajêng akamat | sabên sore Sang Prabu Mangkarawati | adan lajêng akamat ||

38. cara Bantên swarane gumrining | Ki Nur Iman anake wulanjar | Ni Bok Saridah namane | anginjên sabên dalu | Ki Mustapa saparannèki | yèn maring kali awan | nuli tinut pungkur | anginte sapolahira | api-api kaprênggok angincang alis | ngêndhokkên kasêmêkan ||

--- 28 ---

39. linungsurkên wontên kalih nyari | têpis wiring pambayun katingal | mêmanas driya rakite | Ki Mustapa tumungkul | nora pisan nêdya ningali | nanging sampun karasa | bok walanjar lamun | dhêdhayoh iki muliha | kaya mati ingsun brônta sipat kuping | Ki Nur Iman uninga ||

40. yèn anake brôngta ing têtami | dalu sasampuning bakda ngisa | sami jêjagongan suwe | prapta sugatanipun | Bok Saridah bikut ngladèni | kêmbên solok têrbaya | sinjangipun wulung | dhêdhêmêne cilik mula | sinjang wulung nanging wêdaling Sêmawis | apike bok wêlanjar ||

41. sêngkangipun lapak batu tangkil | walang sakêpung sêsupenira | mas bèh ro ing sataile | Kyai Nur Iman cukup | ngugung anak dipun tutugi | sapatute wong desa | rêjêkine cumpu | mangkana Kyai Nur Iman | amarsudi pitakone niti-niti | amrih wêca balaka ||

42. adhuh anak pun bapa puniki | lumaku têmên yèn jinarwana | saking ajal kamulane | miwah sinêdyèng kayun | pan pun bapa wus trêsnèng batin | inggih dhatêng pun anak | balung trus ing sungsum | awit pun bapa supêna | sadèrènge pun anak prapta ing ngriki | ingkang nguni Jumuwah ||

43. wontên sasi lèr wetan ing ngriki | surêm agring nis prabawanira | ima naputi sangkane | nuntên wontên kadulu | saking kilèn wontên lumaris | nênggih awarni lintang | gênge sabaluluk | kèndêl ing ngriki sakêdhap |

--- 29 ---

dangu-dangu pun lintang punika nunggil | pun sasi kang kalaran ||

44. nuntên sasi cahyanipun pulih | pan sumêblak ingkang ngôndakara | amadhangi ing jagate | amung lêt tigang dalu | nuntên anak prapta ing ngriki | anèh impèn punika | Sultan Bantên muwus | kula ing Gowong kewala | Ki Pangulu ing Gowong ingkang sêsiwi | gih yêkti pun Mustapa ||

45. sêdya kula puniki angabdi | inggih dhatêng Natèng Kabanaran | mupung kasoran yudane | akêdhik abdinipun | bokmanawi katampèn ugi | Ki Nur Iman lingira | puniku satuhu | pun bapa dèrèng tarima | maksih sasab Sang Prabu Mangkarawati | gumujêng wuwusira ||

46. basakêna pun paman angudi | alah dawêg maibên pun paman | dika arani yêktine | Ki Nur Iman amuwus | nora lamun anaking santri | sanadyan angakua | anaking pangulu | sintên botên maibêna | sêtun asor ngakên anaking bupati | puniku misih dora ||

47. dika mèmpêr kang rayi sang aji | inggih nama Pangeran Purbaya | ing cahya lan pasêmone | botên kaot sarambut | malah wilêt pun anak ugi | lawan ruruh pun anak | ing saengganipun | kadi satriya lan raja | pasthi sanès ing solah jatmikanèki | nunggil pisah tan pisah ||

48. pan pun bapa botên akêkêlir | rayi andika anak kawula | mring dika sangêt brangtine | Bok Saridah puniku | kasmarane kadi [ka...]

--- 30 ---

[...di] kapesing | gih kongsi dadi rumab | angising sêsêntul | pêcirit sarandhu alas | yèn andika akesah saking ing ngriki | pasthinên nuli pêjah ||

49. wau Sang Prabu Mangkarawati | adhuh paman katingal punapa | manjing panganiayane | tan dangu tangis umyung | nyainira anusul gipih | ki omah anakira | kasabêt tan emut | nora suwe têka sêndhang | ya disèrèt wong dot polèng agêng inggil | anakmu guragapan ||

50. ya ki anak dhêdhayohmu niki | katon kang ngrêbut mring anakira | iya wurunge kênane | Ki Nur Iman sru muwus | adhuh anak suwawi aglis | tulunga kawlasarsa | rayinta puniku | yèn kongsia praptèng tiwas | dadi paran pun bapa arang sutèki | nêmah sèwu cilaka ||

51. rinarêpa Rajèng Pakungwati | têmah wêlas tumut marang wisma | sapraptane bale gêdhe | lênggah ing ulonipun | ni wulanjar nglugur aguling | karingêt lir dinusan | kêbês kêmulipun | umatur Kyai Nur Iman | lah suwawi pitulungipun sayêkti | wêlasa ing pun bapa ||

52. sigra Sultan ing Mangkarawati | ngungkabi kêmul lajêng gêrayang | gêtêr kang dèn êmèk-êmèk | tan ana tabêtipun | antarane sarira sakit | amung asakin driya | saking karêpipun | Sultan Bantên osiking tyas | wus dilalah nêmu bekaning lumaris | iya kinapakêna ||

53. lamun nora nurutana iki | dadi beka anyênyuwe lampah |

--- 31 ---

mupus titahing Hyang mangke | sigra wau sinêmbur | gumaregah sigra ngêbyuki | ing pangkonira sultan | guragapan muwus | wêdi-wêdi aku bapa | wonge dodot polèng kudu gawa mami | iku ngadêg ing lawang ||

54. pangrungkêbe sangsaya ngapithing | wêntisira sultan datan kêna | binênggang winêngkang kèkèt | Sultan Bantên anjêtung | kang karasa garwanirèki | nora duwe tênaga | sapolahe ruruh | dene iki wong ing desa | bisa gêlar sapolahe nora yêkti | têrlalu tukang bisa ||

55. garwanira anaking bupati | pêparinge Sultan Kabanaran | Dèn Rara Padmiyah rane | nênggih kang asêsunu | Adipati Suranatèki | punggawa nagri Dêmak | pêjahe ramèku | Adipati Suranata | radèn rara timur pinundhut mring puri | diwasane kinarya ||

56. têtariman Rajèng Pakungwati | pelag warna kapelag tênaga | ruruh tan ana cacade | cumangkok ing tyasipun | amanggiha garwa kadyèki | sêdhih tyasira maras | bok dèn uwus-uwus | ing asmara karasikan | Ki Nur Iman pamuwuse wali-wali | anak yèn kalakona ||

57. rayi dika sakite mulyèki | dèn ningkaha kula inggih pasrah | juru dangkên ing arine | cinêkak kandhanipun | Sang Aprabu Mangkarawati | apan sampun aningkah | nyupêt beka puput | Sultan Bantên anèng kana | dhukuh pinggir kali sakilèn Rêpaking | lami gantya winarna ||

--- 32 ---

99. Sunan Kabanaran nampèni sêrat saking Sèh Ibrahim

58. Sultan Kabanaran kang ginupit | kang makuwon dhusun ing Sumbêran | parentah ing punggawane | amangun ing prang pupuh | ngêlar-êlar jajahannèki | kang tinuduh ngalèra | masisir angirup | Pangran Dipati Bintara | Dêmak, Kudus ing Lasêm Rêmbang ing Pathi | kang kinèn nêlukêna ||

59. budhal saking Sumbêran lumaris | wau Pangran Dipati Bintara | kawan atus prajurite | wong Garobogan gupuh | kinumpulkên sami kinêrig | wuwuh prajuritira | turôngga nêmatus | nulya Pangran Pakuningrat | budhal ngilèn kanthi pangeran ngabèi | mring bumi Samarangan ||

60. Alap-alap lan Dipadirjèki | budhal ngidul lan Pringgadiningrat | samana sangêt sakite | timbalanira prabu | kinèn ngantukêna tumuli | marang ing Surakarta | wruha bapakipun | Adipati Pringgalaya | mantri nênêm kang tinuduh wus lumaris | Koplo Pringgadiningrat ||

61. wus ginotong nèng jêjolèn êpring | wau ingkang tinuduh angetan | Pangeran Dipati Anèm | ngadhêpana Madiun | nagri Jipang kinèn ngayomi | samangsane pangeran | Mangkunagarèku | kesah saking Pranaraga | sawurine aja talangke nganciki | budhal saking Sumbêran ||

62. nulya wau têngara [tênga...]

--- 33 ---

[...ra] sang aji | budhal saking pakuwon Sumbêran | misih akathah untabe | Mas Rôngga munggèng ngayun | Pangran Natakusuma wuri | sami kanthi punggawa | wuri lan ing ngayun | kunêng malih dutanira | Tuwan Sarib Bêsar Tuwan Sèh Ibrahim | kapêthuk anèng marga ||

63. dutanira rumiyin sang aji | nanging ngutus nêlik mring Samarang | anarêngi ing lampahe | ingkang prapta rumuhun | aturira ing sri bupati | èstu yèn Sarib Bêsar | dutane Sultan Rum | gusti anggêpe Walônda | aturipun miwiti malah mêkasi | yèn carakane prapta ||

64. wau kula tilar anèng margi | inggih prapta ing dintên punika | sigra ngundhangi balane | kèndêl lêlampahipun | pra dipati ngandikan sami | Pangran Natakusuma | kang ngirid mangayun | timbalanira sang nata | kayaparan utusane Sèh Ibrahim | apa ginatèkêna ||

65. iya apa kinarya sêsami | Pangran Natakusuma wotsêkar | prayogi ginatosake | ngandika sang aprabu | kaya priye sagung bupati | apa padha manuta | ing sapikiripun | Adhi Mas Natakusuma | sarêng nêmbah Mas Rôngga matur rumiyin | lêrês rayi paduka ||

66. yèn kêmbaa bilih dèn ewani | lawan dipun wastani nyakuthak | dutane narendra gêdhe | Kangjêng Sultan ing Ngêrum | nênggih ratu-ratuning bumi | wajib dèn ajènana | gumujêng sang prabu | saryalon dènnya ngandika | iki desa ing Garogol duwe masjid | masjide rêsikana ||

67. anèng [a...]

--- 34 ---

[...nèng] kono gon ingsun nêmoni | carakèng Rum gustine sajagat | pira-pira ingsun kiye | tinêkan duta ing Rum | durung ana kang dhingin-dhingin | kongsi adhêdhayohan | caraka saking Rum | kang wadya samya maragang | agêng alit samya angrêsiki masjid | ing jawi tinaruban ||

68. lagya eca ngandika lan abdi | wontên matur yèn caraka prapta | Mas Rôngga lajêng kinèngkèn | mêthuk nanging sinamun | amung kuda sakawan ngiring | Sang Natèng Kabanaran | budhal sawadyagung | mring Garogol jroning desa | jujug masjid rinakit sampun prayogi | anganti roning kamal ||

140. Sinom

1. Mas Rôngga Wirasantika | lawan caraka wus panggih | karsa mêdhun saking kuda | dene andulu priyayi | Mas Rôngga lingiraris | sanak sampun dika mêdhun | dawêg sami lumampah | anggendhong sêrat puniki | kula kering wontêna ing ngajêng kula ||

2. saksana lajêng lumampah | Mas Rôngga têtanya aris | nênggih sami alêlampah | anênggih sami tinuding | wong sanak saking pundi | carakalon aturipun | kula tiyang Samarang | ladosanipun mas patih | kang satunggil upasipun petor bêsar ||

3. tiyang saking Surabaya | inggih Kangjêng Tuwan Sarib | rencange sami tinilar | sadaya wontên Batawi | sami tiyang ing Turki | kalih atus pitung puluh | samarine punika | amung bêkta rare kalih | dhatêng jendral mung kêkalih wonge tuwa ||

4. lan wong

--- 35 ---

kaji kang satunggal | anama Kaji Dul Jaki | nging dèrèng wruh ing jajahan | milane botên tinuding | mila tiyang Samawis | tuwan bêsar karsanipun | wus prapta pinggir desa | ing Garogol cêlak baris | têdhak kerid caraka praptèng taratag ||

5. Pangeran Natakusuma | ingandikan marang masjid | Mas Rôngga lan Jayèngrana | Dul Wakid miwah Muhyadin | sang nata ngandikaris | Adhi Natakusumèku | apa sun têmonana | hèh Rôngga caraka iki | wonge dhewe tuwin apa wong pundhutan ||

6. Mas Rôngga matur tur sêmbah | urunan tiyang Samawis | saking pêpatih Samarang | petor bêsar kang satunggil | upas têtiyang saking | Surapringga asalipun | Pangran Natakusuma | umatur saha wotsari | sêratipun luwung pinêndhêt kewala ||

7. sigra Muhyadin dinuta | mundhut srat lan Ki Dul Wakid | saksana katur kang sêrat | duta kinèn nunggil linggih | lawan kang pra dipati | sami munggèng ing têtarub | sinugatanan kinang | saking kang para dipati | sangunipun epok gendhong pra dipatya ||

8. sang nata amaos sêrat | saking Tuwan Sèh Ibrahim | bêbukane salam reyang | tuwan sèh kang ahli Turki | mashur ing Atasangin | pun bapa sayêktinipun | nakoda gêng kawilang | jinis prakara nagari | lunganingsun saking Turki ginawanan ||

9. cap Sultan Muhamad Lekan | Rum Ngadli kang ngêbayani | wêwêngkone Rum sadaya | sagung kang para narpati | Sultan Mustapa Rumi |

--- 36 ---

ya gawani êcapipun | têgêse kang pitungkas | ing nagara wetan nênggih | urut timur nagara kèh padha rusak ||

10. rusakipun saking aprang | rèhne tanah Jawi mangkin | kanan kering sapangetan | ana ingkang ngapalani | nyata Jendral Batawi | ature kang marang ingsun | tan tumut karya rusak | ingkang adarbe pribadi | rêbat atas sami karabat kewala ||

11. datan wontên wonge liya | rowange rêbat nagari | dene mangke kang prakosa | inggih nama Mangkubumi | dadi pun bapa mangkin | ya sawuse salam ingsun | atêtanya mring sira | adhuh nyawa Mangkubumi | sabab apa sira gawe nora arja ||

12. jênêg gawe kasusahan | sapadha-padha dumadi | duraka wis marènana | anak ingsun Mangkubumi | pan sira wong abêcik | sirèku sutaning ratu | sira kang kawajiban | rumêksa rahmat sabumi | sapa nanggung iya dosamu ing kana ||

13. pan si jendral iki pasrah | selak rusak tanah Jawi | pan kinarêpakên samya | kang sami darbe pribadi | sun puji sira ugi | ing pawarta nêdha tuhu | eling sutaning raja | nora pikir salah kardi | ingsun nyawa wêruhna sakarêpira ||

14. lawan ingsun iki nyawa | papagên sun arsa panggih | sarat kudu pêpanggiha | pribadi amituturi | sawusnya buka tulis | anglênggêr jêtung angungun | alon dènnya ngandika | Dhimas Natakusumèki | baya kene dhawuh apuraning Suksma ||

15. Dul Wakid [Waki...]

--- 37 ---

[...d] kinèn akarya | angsul-angsul kang prayogi | adangu pitungkas wulang | kang rumêrêp sêdhêp manis | kang nora anyênyêngit | dhap asor saurutipun | kang têtêp mêlasarsa | wus dadya dipun êcapi | kang tinuduh Radèn Arya Jayèngrana ||

16. ngaturkên wangsulan sêrat | dhatêng nagari Samawis | tinuduh sami sadina | Jayèngrana bêkta tulis | duta wus dèn panggihi | ginanjar pangadêgipun | arta lawan busana | caraka wus nêmbah amit | sarêng mêdal lawan Radèn Jayèngrana ||

17. mung bêkta kuda nêmbêlas | patbêlas dharate sami | têgêsipun lêlancaran | priyayine dèn pilihi | datan kawarnèng margi | margi sawêngi praptèng suk | wanci pukul sawêlas | dhatênge nagri Samawis | jujug maring gène Tuwan Sarib Bêsar ||

18. sira Radèn Jayèngrana | lan Tuwan Sarib wus panggih | sigra ngaturakên sêrat | wêwangsule sri bupati | têmbunge mêlasasih | sêdhêp pasrah dhirinipun | juru basa kang maca | petor bêsar kanthinèki | pamaose winalèn-walenan rahab ||

19. petor bêsar ngatag nyêrat | marang Ki Kaji Dul Jaki | tulisana basa Arab | aturêna tuwan aglis | nurun Kaji Dul Jaki | mrih basa Arab wus katur | mring Tuwan Sarib Bêsar | winaos suka tan sipi | têmbung manis asêdhêp mawi la-êla ||

20. sarta ngungun amiyarsa | ingkang rèh dadine jurit | pratikêling tanah Jawa | kinaniaya sayêkti |

--- 38 ---

dene kongsi karawit | duk Jendral Baron pan Emuf | akèn angêlongana | ing Pangeran Mangkubumi | ing sawahe kalong saparo kewala ||

21. dadya miji ing santana | nging Pangeran Mangkubumi | alumuh lumakyèng karya | yèn kalonga Sukawati | dadya putungan sami | lajêng ngêkahi puniku | bumi ing Sukawatya | nadyan kalonga sakikil | sun labuhi ajur mumur dadi lêmah ||

22. Si Hondorop pira-pira | saguh ngulihakên malih | ing ujare komandaka | Pangran Arya Mangkubumi | lajêng gitik-ginitik | rêbut bêja ing prang pupuh | Kumpêni krêp kasoran | akathah ingkang ngêmasi | Tuwan Sarib tanya marang petor bêsar ||

23. iya iki petor nyata | mangkene kawiting jurit | petor bêsar aturira | gih jendral mariki dhingin | Pangeran Mangkubumi | lolosipun sapuniku | wus nyata nora dora | anak ingsun Mangkubumi | kaya age ingsun iki pêpanggiha ||

100. Kyai Nur Iman dipun gadhuhi siti Gagatan minôngka dhaharipun Sultan Banten

24. kunêng kang anèng Samarang | lagya ayêm-ayêm pikir | sang nata ing lampahira | wus lajêng ing Dhuwêt prapti | masanggrahan sang aji | wus pamondhokan wadyagung | sang nata badhe lama |

--- 39 ---

ngiras dènnya angantosi | carakane kang marang nagri Samarang ||

25. sang nata arsa ngadêgna | sagung wadya kang ngêmasi | anakipun kang kinarya | karya mantri jro sang aji | suwidak kang kinardi | badhe nyèkêt sabinipun | kang kinarya lêlurah | têtiga kang alit dèsi | ing Kumêndhêng nênggih Suradimênggala ||

26. lêlurah ingalih nama | Ngabèi Prawirasêkti | kancanipun ngalih dasa | sami Prawira namèki | lêlurah saragêni | Wirasastra kang pinundhut | lurah mantri jro nama | Yudakartika ing mangkin | sakancane sadaya wiwitan yuda ||

27. Mas Malar mangkya kinarya | Ngabèi Baurêksèki | kancanipun kalih dasa | wiwit bau namanèki | lagya samadya sasi | kancane lami kèh nusul | wontên wong tigang dasa | kalih dasa kang pinilih | Kyai Bênêr ingkang kinarya lêlurah ||

28. lan ingalih namanira | Ranadirada Ngabèi | sakancane ngalih dasa | wiwitan Rana namèki | Ki Sutamanggalèki | Gêdhong sinungan jêjuluk | Ngabèi Mangunjaya | mantri jêro kang rinakit | busanane abyor mantri wolung dasa ||

29. ya ta wau kawuwusa | Sang Prabu Mangkarawati | ingkang wontên padhêkahan | padhusunan ing Rêpaking | mangkat sowan tumuli | bêbêktane tigang pikul | lombok kalawan kacang | kimpul talês lan gêmbili | nunggang jaran wadon sami bêbathilan ||

30. arasukan gandhul pêthak | kasa kêmbang lungsêd kêdhik | anyamping sarung Makasar | pasêmon wilêt awingit |

--- 40 ---

lampahira wus prapti | Dhuwêt pasanggrahanipun | Sang Nata Kabanaran | nuju siniwakèng kasih | dumarojog manjing tan mawi larapan ||

31. awor lawan suranata | miwah kang mantri pinilih | dèn nyana kônca kewala | dangu-dangu kang asandhing | pra sami angingsêri | sang nata wruh sapa iku | Sultan Bantên turira | sigra Muh Yadin nambungi | rayi dalêm Sultan Pakungwati prapta ||

32. ingawe lajêng umangsah | gapyuk rinangkul nulyaglis | sang nata dhawuh kang waspa | Sang Prabu Mangkarawati | tangise lir pawèstri | ulêt lir kêkupu tarung | wus dangu tata lênggah | kang rayi tan sinung têbih | kang dinangu ing sasolahbawanira ||

33. prajurite karisakan | sabên prang tan angundhili | kula kanthi Kakang êmas | Purubaya nêniwasi | ngandika sri bupati | sarwi nênggak waspanipun | yayi prabu dilalah | sira ngungsi marang mami | nêdya enak yayi têka nêmu rusak ||

34. karine prajuritira | mêngko sira sèlèh êndi | kang rayi matur tur sêmbah | kantun tigang dasa nênggih | amung wong saralathi | tigang dasa ingkang kantun | minarsa pitung dasa | tan wontên kantun satunggil | prang Walônda mêngsah pun Kapitan Bagrak ||

35. rayi paduka Kakang Mas | Purubaya ngapirani | tumpêse prajurit kula | sanambang sawidak tawis | pun Kandhayakan mati | wong saralathi kang kantun | kula titipkên samya | pun Kakang Mangkudirjèki | kula sêlak onêng wulangun ing tuwan ||

36. kapiyarsèng [kapi...]

--- 41 ---

[...yarsèng] katêbihan | sawadya tumpêsing jurit | prang kalawan putra tuwan | Pangran Mangkunagarèki | duk kula amiyarsi | langkung kambah ing tyas wimbuh | mila anglugas raga | anêmah samargi-margi | bêgja lamun pêjah kapêthuk ing mêngsah ||

37. nanging sawab jêng paduka | nèng marga lampah lêstari | tan wontên kang munasika | ngêrabèt lampah anyantri | kang raka ngandikaris | sun yayi rumasèng kalbu | sêsikuning Hyang Suksma | kang dhawuh ing awak mami | iya mêntas lêlaku banjur mangsah prang ||

38. durung ana sêsarapan | miwah durung olèh guling | mulane kèh katiwasan | tyas ingsun nêkani kibir | bubar kandêl-kandêling | lali yèn padha tumuwuh | sutamu ro kapisah | ki dipati ki ngabèi | kapalayu tyas ingsun kalangkung marma ||

39. wetan alas iku prapta | Si Panatas kang ngulati | lawan yayi kakangira | Mangkukusuma ngêmasi | sami ngungunirèki | kang rayi ngaturkên wau | sal-angsal tigang rêmbat | sang nata ngandika aris | kaya ngapa mangkono tuk-antukira ||

40. kang rayi matur balaka | duk wontên dhukuh Rêpaking | kasukon sayah lumampah | adharat sadasa ari | kèndêl dhukuh Rêpaking | pinêksa ingambil mantu | inggih Kyai Nur Iman | gumujêng sri narapati | bênêr yayi wong amalês kabêcikan ||

41. sang nata malih ngandika | Dhimas Natakusumèki | wong Gagatan dhawuhana | sun paringakên si adhi | Dhimas Mangkarawati |

--- 42 ---

iya ing Gagatan satus | anaa kang rumêksa | samêngko maring si adhi | bêkêl satus iku sira kongkonana ||

42. srahna maring Si Nur Iman | konên nata kang abêcik | ing Gagatan bumi rosa | jaran salawe kuwawi | rumêksa mring si adhi | ing sarina wênginipun | wong sèkêt ing Pulutan | rumêksa dhahare adhi | tur sandika Pangeran Natakusuma ||

43. anglampahakên caraka | mantri jêro kang tinuding | Ngabèi Ranadigdaya | Ranadimêja satunggil | ing Gagatan wus prapti | sampun budhal bêkêlipun | kapanggih kawan dasa | pênglawepênglawe. sakawan sami | wus binêkta maring wismane Nur Iman ||

44. kagyat ing tyas kagegeran | priyayi songkokan prapti | baju lurik irêng ginggang | lancingan sangkêlat abrit | nyuriga cara Bali | lawan bature gumrudug | kabèh bêkêl Gagatan | dhrodhog dènnya amanggihi | bêkêl kabèh wus kasrah marang Nur Iman ||

45. Ngabèi Ranadigdaya | Ki Nur Iman dèn jarwani | kiyai mantu andika | pan dede santri mêmêri | sajatine kiyai | Sultan ing Bantên puniku | mêdhêdhêg Ki Nur Iman | adhèhèm nênggak ambalik | Ni Rubiyah anakira Ni Saridah ||

46. nyuwargakkên mring wong tuwa | Gagatan Pulutan iki | pinaringkên mantunira | ni nyai watuk nyukikik | mantuk mantri kêkalih | akathah pasangonipun | ing wuri wus tinata | kaprajuritan turanggi | tigang dasa sakawan bêdhil nêmbêlas ||

--- 43 ---

47. lan waosipun wolulas | sadaya sopal jininggring | lêt kalih dina praptanya | lan sèkêt rêmbatannèki | Sang Prabu Pakungwati | mèsêm suka dènnya dulu | wus karya pamondhokan | Sang Prabu Mangkarawati | ragi kilèn pangarsane pasanggrahan ||

48. wolu rare panakawan | prasamya nitih turanggi | sêmuwa pratikêlira | mèh prasasat sabupati | Bok Saridah têtilik | sawulanipun ping têlu | miwah sultan cangkrama | Sang Prabu ing Pakungwati | angêrakat ulam kali pêpucungan ||

101. Sunan Kabanaran ngaturi sêrat dhatêng jendral lumantar Tuwan Sarip Bêsar inggih Sèh Ibrahim mratelakakên sabab-sababipun dene ngantos mêdal saking nagari

141. PocungTeks asli: Pucung.

1. kang winuwus dutanira sang aprabu | langkung kinasihan | marang Sèh Ibrahim Turki | karya surat ngèngrèng Tuwan Sarib Bêsar ||

2. dhapuripun surat pratelan puniku | marang Batawiah | prakarane Mangkubumi | dèn sikara mulane dadi murwèng prang ||

3. lungguhipun Sukawati têlung èwu | saanane jendral | nagari Surakartèki | dèn êlongi saparo pangran tan suka ||

4. milanipun wus kalakon karyanipun | kang wau nèng mêngsah | rinêbut anandhang janji |

--- 44 ---

singa ngrata ing Sukawati ginanjar ||

5. Jendral Emuph ingkang nglêbur janjinipun | kathah rèngrèngira | kinèn nurun Wirasari | wusnya dadi Tuwan Sarib angandika ||

6. iya iku Jayèngrana turna gupuh | maring anak ingwang | Susunan Amangkubumi | iki rèngrèng kang bakal marang si jendral ||

7. besuk ingsun lamun uwis atêtêmu | lawan putraningwang | besuk ing sabalèn maning | pasthi kono iya ingsun pêpanggihan ||

8. rèngrèng iku yèn wus dadi têrna ingsun | ingsun kang anggawa | marang nagara Batawi | aja susah sutaningsun akongkonan ||

9. ya ta wau Jayèngrana kinèn mantuk | wus binêkta sêrat | bêdhug tiga angkatnèki | Jayèngrana saking Samarang nagara ||

10. ngatêripun Radèn Wirasari wangsul | ing nagari Dêmak | sira Radèn Wirasari | lampahipun wau Radèn Jayèngrana ||

11. praptanipun ing Dhuwêt pan wancinipun | kèndêl pondhokira | sakêdhap lumêbêt aglis | jujug marang Pangeran Natakusuma ||

12. sampunipun bakda ngisa lêbêtipun | sang nata wus salat | satêdhake saking masjid | animbali Pangeran Natakusuma ||

13. lêbêtipun angirid Jayèngranèku | prapta ing ngajêngan | ngaturakên ingkang taklim | saking rama tuwan Tuwan Sarib Bêsar ||

14. sêrat katur kalih rèrèngrèngrèng. sami katur | sigra tinupiksa | kadriya têmbunging tulis | ya ta mèsêm ing Pangran Natakusuma ||

15. dhimas gupuh undhangana

--- 45 ---

pra tumênggung | padha angrasakna | ing surate Sèh Ibrahim | matur nêmbah Pangeran Natakusuma ||

16. pênêdipun abdi dalêm pra tumênggung | kang abaris ngarsa | sae katimbalan sami | miyarsakna ing surate Sarib Bêsar ||

17. sang aprabu pangandikanira arum | bênêr yayi êmas | nuli kongkonana aglis | sarupane punggawa kang baris ngarsa ||

18. wus anuduh Pangran Natakusumèku | angêriga samya | punggawa kang baris ngarsi | sami prapta tan kalilan bêkta wadya ||

19. misih tugur sagunging prajuritipun | kang baris pangarsa | praptaning kang pra dipati | pan sadaya sami lancaran kewala ||

20. wetan kidul kulon sarêng praptanipun | Pangran Pakuningrat | kilèn lan pangran ngabèi | kidul nênggih Dipati Suryanagara ||

21. kanthinipun Môndraka Wiradigdèku | lawan Jayarata | Tumênggung Dipadirjèki | Alap-alap lan Tumênggung Pusparana ||

22. têlas kidul wetan sarêng praptanipun | Pangeran Dipatya | Anom sawadyanirèki | lan kang Paman Pangran Dipati Bintara ||

23. sadaya wus tumamèng ngarsa sang prabu | sang nata ngandika | hèh sagunging pra dipati | lawan para satriya para santana ||

24. sadayèku dèn amêrês budinipun | padha rasakêna | ing karsane Sèh Ibrahim | iya ingkang muni layange kang prapta ||

25. iya ingsun kinèn akirim pra sadu | mring gurnadur jendral | sumilih kadya nêdha dil | anjaluka bênêr ing gurnadur jendral ||

--- 46 ---

26. wong aluhur saking asor wiwitipun | aja ta ugungan | dumèh Tuwan Sèh Ibrahim | Sarib Bêsar maring sun wus mundhut putra ||

27. iya iku kêkêlire têgêsipun | aja ta kabiyak | Tuwan Sèh maring sun asih | iya dadi ngadêg bênêr Sarib Bêsar ||

28. dadya ampuh Sarib Bêsar yèn tinantun | mring gurnadur jendral | pratingkahing tanah Jawi | ing batine Tuwan Sèh wus marang ingwang ||

29. karsanipun Sarib Bêsar batinipun | kinèn anjarwakna | ing Radèn Jayèngranèki | kalêthêke tyase Tuwan Sarib Bêsar ||

30. awotsantun pra dipati kang tinantun | pukulun sang nata | sampun tanggêl ing pakarti | anganggea waos dhuwung marang jendral ||

31. inggih lamun pun jendral darbe pangukup | botên wit piyambak | amiluta amrih ing sih | jêr pun jendral inggih ingkang amiluta ||

32. iyêg guyub pra sêntana pra tumênggung | sami aturira | Pangran Natakusumèki | ingkang dadi pangirid atur andhêsak ||

33. kang dhinapur mungguh panggawene satru | ngajak rêrampekan | yèn dhèwèk nora nglanggati | satêmahan kabalik ingkang pratingkah ||

34. ingkang luhur satêmah dados soripun | ingkang asor mangkya | dados luhure sayêkti | sawab saking timbalan jêng nabi duta ||

35. lamun satru salah siji ngajak atut | kang siji tan arsa | jinabakakên sayêkti | wêwilangan ing umat jêng nabi duta ||

36. sru angguguk gujêngira

--- 47 ---

sang aprabu | pagene yayi mas | anganggo wêdi jêng nabi | ngumbe arak si adhi ing sabên dina ||

37. iku takut ing wêwalêr kangjêng rasul | gumujêng tur sêmbah | Pangran Natakusumèki | sanès ing prakawis arak lawan aprang ||

38. sang aprabu gumujêng ngandika arum | yèn mangkono padha | bênêr panuwunirèki | ingsun lagi nêmu dêdukaning Suksma ||

39. mungsuh iku kang gêdhe angajak patut | iya Si Walônda | ya kang gêdhe mungsuh mami | mungsuh cilik iku Si Mangkunagara ||

40. sanèn dipun yèn kudu asor ing ngriku | lagya dukaning Hyang | kang dhawuhing awak mami | wus dilalah kalah ing prang lawan bocah ||

41. mêngko mungsuh Si Walônda ngajak patut | ing têgêse iya | iku pitulung Hyang Widhi | gawe asor prang amuk sariraningwang ||

42. batinipun durung cacad têmên iku | ingong madêg nata | iya nèng Ngayogya dhingin | awèh wêruh marang Dêlèr ing Samarang ||

43. mundhut êstu yèn ingsun jumênêng ratu | iya di adêgna | rêna ngrasa awak mami | yèn kang Wayah Susunan Pakubuwana ||

44. dêlèr langkung panampike marang ingsun | dadi ingsun iya | umadêg nata pribadi | iya iku sun lêbokkên layang jendral ||

45. iya lamun Kumpêni angajak patut | Hondorop Samarang | dèn salinana tumuli | lamun nora mangkono ingsun anêmah ||

46. sampun anut pra punggawa anung-anung | ing sakarsa-karsa | mupakat ing lair batin | mumpung durung layar [la...]

--- 48 ---

[...yar] Tuwan Sarib Bêsar ||

47. sigra wau rèngrèng tinurut karuwunkaruhun. | saking Sarib Bêsar | kalah apa sor sathithik | wurukipun pisêdhêp ing tuwan jendral ||

48. sêratipun piyambak wau sang prabu | ingkang dhatêng jendral | êla-êla anglangkungi | sarta mawi mugi-mugi tuwan jendral ||

49. dipun asru angadilana satuhu | mangkya eyang jendral | ngarsakakên atur mami | ingkang mijil saking Tuwan Sarib Bêsar ||

50. têgêsipun eyang jendral mrih satuhu | karsa ngadilana | lampahane awak mami | saèstune pan kula kinaniaya ||

51. yèn rumuhun wontêna sêrat gurnadur | kang dhatêng kawula | sarèhe kula lampahi | inggih môngsa kapanjanga lampahing prang ||

52. pun gupêrnur sok mêdosi sêratipun | kula nêmah nekad | angraos yèn sinakait | jinabakkên darah Kapakubuwanan ||

53. mila bingung kang ngraos tan wontên ngukup | mangkya eyang jendral | amrih lêrês kang sayêkti | sasat dhawuh pitulunging Gusti Allah ||

54. langkung nutug la-êla prasabênipun | wus dadya sadaya | inggih sampun dèn rèng-rèngi | ingkang katur dhatêng Tuwan Sarib Bêsar ||

55. lawan dhuwung Nagasarasah wêwolu | lan waos trisula | inggih sinarasah sami | amung kuda benjing sinusul asmara ||

142. Asmaradana

1. Ki Dul Wakid kang tinuding | bêkta sêrat angaturna | mring Sarib Bêsar lampahe | kinanthenan Wôngsayuda | magang ing Surabaya |

--- 49 ---

lampah dalu mangkat surup | lampahe mêdal ing Dêmak ||

2. sarêng byar anjog nagari | ing Dêmak kèndêl sakêdhap | tilêm sami wêntawise | wontên kalih têngah êjam | sampun makan turôngga | sigra lajêng lampahipun | asar prapta ing Samarang ||

3. jujug Radèn Wirasari | wusnyaso lajêng binêkta | dhatêng wismanipun petor | gène Tuwan Sarib Bêsar | panggih dutatur sêmbah | angaturkên sêratipun | saking kang putra sang nata ||

4. amanggil Kaji Dul Jaki | sêrat tinurun basa Rab | sêrat kêkalih rèngrènge | wus dadya katur ing tuwan | Sarib Bêsar nupiksa | sakalangkung sukanipun | lajêng dènira ngandika ||

5. hèh sapa aranirèki | carakane putraningwang | tur sêmbah alon ature | pun Ngabdul Wakid kawula | kang abdi suranata | ing putra tuwan pukulun | Tuwan Sarib atêtanya ||

6. sapa gawe layang iki | Dul Wakid matur tur sêmbah | gih putra tuwan sang katong | pribadi ingkang akarya | mèsêm sarwi ngandika | Tuwan Sarib wruhanamu | Dul Wakid lan rèng-rèng ingwang ||

7. bêcik iki gêmêt iki | sêdhêpe amêlasarsa | asore mratelakake | mêmanis ing kaluhuran | iki bae sun gawa | Ki Dul Wakid aturipun | milanipun putra tuwan ||

8. sêrat kinarya pribadi | dene tuwan ingkang bêkta | miwah mawi pratandhane | waos lan dhuwung punika | tuwan sampun kanisthan | lan [la...]

--- 50 ---

[...n] sampun tanggêl pukulun | têtulung ing putra tuwan ||

9. sru ngandika Sèh Ibrahim | hèh Dul Wakid aja susah | ingsun kang duwe panganggo | putraningsun wong analar | nora mrih kaluputan | ingsun gendhong ingsun pikul | môngsa wêdia kangelan ||

10. tur sêmbah Ki Ngabdul Wakid | milanipun putra Tuwan | ambêktani pratandhane | kang katur gurnadur jendral | têtêp mantêp ing manah | dene tuwan kang amangun | bicara ing sapunika ||

11. ya Dul Wakid ingsun iki | arêp layar benjang enjang | ya warahên putraningong | aja angadoni aprang | yèn ana mungsuh prapta | kaya nora lawas ingsun | patang puluh dina prapta ||

12. matura aja kuwatir | wus muliha iya sira | iki angsul-angsul ingong | Dul Wakid anêmbah tômpa | lajêng matur pamitnya | angkatira bêdhug têlu | saking nagari Samarang ||

13. Tuwan Sèh ing bangun enjing | mancal dhatêng Batawiah | kunêng wau ing lampahe | tigang dalu praptanira | saking nagri Samarang | wus lajêng panggih gurnadur | kutha Intên praptanira ||

14. wus sami atata linggih | antuk-antuke binuka | Jendral Jakup Musêl kagèt | kadi pisungsunging raja | raja ing kina-kina | mrih unggul wicaranipun | Sang Nata ing Kabanaran ||

15. sêrat sampun dèn tampèni | winaos ing juru basa | duk miyarsa langkung kagèt | Jakup Musêl langkung maras | bok Tuwan Sèh dêduka | dene ta tibaning luput |

--- 51 ---

samangke têka Walônda ||

16. wusnya tabe suratnèki | Sri Bupati Kabanaran | kang nguni umadêg katong | lawan karsane priyôngga | dêlèr nampik tan arsa | Hondorop pinintan èstu | anulak amonthal-monthal ||

17. dadya nêmahi ngajurit | duk Jendral Muph aniaya | wontên ing Surakartane | têdhakira tuwan jendral | nagri Surakarta nyar | tigang wulan dadosipun | nuntên Jendral Emuph prapta ||

18. kula nguni anglampahi | anglêbêti sayêmbara | wontên kagungan sang katong | bumi cêlak lan nagara | ing Sukawati nama | cacahipun tigang èwu | sabêdhug saking nagara ||

19. ingkang ananggung prajanji | karsane kang madêg raja | inggih pun Dêlèr Hondorop | singa ingkang angrêbata | ing Sukawati tanah | bisa ngabur mungsuhipun | singa kang untung ginanjar ||

20. inggih kula anglampahi | mungsuhe kula pukul prang | aprang rame arêrêmpon | têtêp kula tuk ganjaran | Sukawati sadaya | inggih cacah tigang èwu | mayor kang nanggung bicara ||

21. ingkang sami darbe bumi | lininton nuntên kawula | pinacak kasenapatèn | lami dadi kapala prang | mungsuh limang satriya | gawe bondhan tanpa ratu | pan sampun dening kawula ||

22. nuntên jendral praptanèki | angêlongi sawah kula | kinantunakên saparo | Hondorop jublêg kewala | datan purun [pu...]

--- 52 ---

[...run] pratela | nuntên jendral antukipun | kula atilar nagara ||

23. nuntên kula dèn lurugi | nênggih saênggèn ginusah | wontên sataun lamine | manah nêmah lajêng nèkad | tan wontên têtulunga | kula prang kalih pun undur | wit kalonge sawah kula ||

24. pun undur dutane prapti | sagah sapêjahe Jendral | Emuph pun undur sagahe | ngantukakên sawah kula | lami tan kalampahan | anuntên kula binujung | saênggèn dèn urak-urak ||

25. inggih wong arêbut pati | kulamuk nadhahi ing prang | pun Mayor Has ing pêjahe | lajêng pêjahe Mayor Pal | Mayor Kalèrêk pêjah | pan kula lajêng anglalu | ing mangke kula miyarsa ||

26. dhatêngipun Sèh Ibrahim | mupakat lan eyang jendral | karsa têtulung mèh kasèp | mugi êyang ngadilana | sagung radpênindia | kalawan sabênêripun | lawan malihipun eyang ||

27. yèn ngarsakêna sayêkti | angukup dhatêng kawula | inggih pun Dêlèr Hondorop | kesaha saking Samarang | yèn ta taksih punika | lêbura dèn kadi bubuk | kula têmah mati ngalas ||

28. botên nêdya anêpangi | ing karsane tuwan jendral | yèn Hogêndrop botên katon | pan inggih sakarsa-karsa | eyang gurnadur jendral | kula sayêkti anurut | dhatênga ing lara pêjah ||

29. sawusnya tutug nupèksi | jendral kalangkung wirangnya | miyarsa sêrat ungêle |

--- 53 ---

wani mêlèhkên pasaja | sagung radpênindia | kucêm prasami angungun | ngrêrêpa mring Sarib Bêsar ||

30. tuwan têtela puniki | panjange kang lêlampahan | culikane Si Hondorop | kumêlar rada gumuna | inggih tuwan yèn ala | kinarya paran puniku | angling Tuwan Sarib Bêsar ||

31. lah iya kapriye maning | nadyan Si Petor Sêmarang | padha misih eling kabèh | Mangkubumi dènnya kesah | barêng kalawan jendral | padha kabêranang nêpsu | jendral muwus inggih tuwan ||

32. sampun susah Mangkubumi | kula ingkang têtulunga | nênggih puniku akale | angipuk Mangkunagara | dèrèng panggih samangkya | nging tuwan sayêktinipun | sampun tanggêl lampah tuwan ||

33. anuntên tuwan panggihi | Mangkubumi dimèn eca | botên wande karatone | sapalih ing tanah Jawa | rukunan lan kang putra | mupusa ing takdiripun | wêlasa jagate rusak ||

34. angling Tuwan Sèh Ibrahim | mangke duk ajêng-ajêngan | Mangkubumi dèn êbut ro | tuwan jendral wuwusira | milane inggih tuwan | Si Hondorop dimèn mundur | barise tuwan undurna ||

35. punika cap kula inggih | lan sagung radpênindia | mupakat pikir wus dados | pangupaksining prakara | Susunan Kabanaran | kinukup kinarya ratu | saparo ing tanah Jawa ||

36. ngiras Ratu Senapati | rêruwêding tanah Jawa | kuwajiban nyirnakake | kadi ta pamomongira |

--- 54 ---

Sang Prabu Surakarta | nora dèn iri prangipun | kêni urunan kewala ||

37. urunan mantri sawiji | sayêkti antuk kewala | Sang Prabu Surakartane | kang Rama Natèng Banaran | anyirnakêna mêngsah | Kumpêni ingkang angadu | pracaya Natèng Banaran ||

38. Si Hondorop yèn wus mulih | inggih dhatêng ing Samarang | yèn sampun kêni gunême | Mangkubumi wus panggihan | lan Tuwan Sarib Bêsar | mangkana jendral kêkintun | surat mring Sunan Banaran ||

39. lan badhe rasukan katri | warni baludru katiga | wungu cêmêng lawan ijo | pupusan ingkang sakawan | krêsting martas we samya | hèr mawar kalawan pistul | alus kêkalih kêmbaran ||

40. sênapan alus sarakit | sangkêlat abrit tigang pak | tigang pak malih rêng ijo | wus têlas pitungkasira | mring Tuwan Sarib Bêsar | duk arsa mancal ing wau | kasaru wontên caraka ||

41. saking Dêlèr ing Samawis | kang wontên ing panglurugan | tur uninga ing kasore | Mangkubumi rêmpu ing prang | Pangran Mangkunagara | atur kang pratandhanipun | boyongan èstri wolulas ||

42. nanging sagung kang radpêni | tan wontên purun nganggêpa | dene wus lawas samêngko | ênggone abêbêcikan | lawan Mangkunagara | durung bisa atêtêmu | kinèwèr saking kadohan ||

43. rêmpêk sagung kang radpêni | tan wontên purun nganggêpa | môngsa wurunga malèsèd | wus nora patut [pa...]

--- 55 ---

[...tut] rinasa | yèn Mangkubumi Nata | kêna cinandhak satuhu | kinukup ginawe raja ||

44. mungsuh Mangkunagarèki | lah iya andadak apa | duwea rupa salawe | nora na dadi prakara | lamun Mangkunagara | dene Mangkubumi iku | yèn misiha dadi mêngsah ||

45. sêtun apêsa sawarsi | malah tan kongsi samana | aprang nuli rosa manèh | marma nuli aja obah | Mangkubumi kewala | kinanthi ginawe ratu | riyêgsarinêksa. rad pên india ||

102. Lampahipun Sarip Bêsar badhe pêpanggihan kalihan Sunan Kabanaran mawi mampir dhatêng Surakarta

46. sampun mancal Sèh Ibrahim | saking nagri Batawiah | datan kawarnèng laute | wus prapta nagari Têgal | sadalu lajêngira | ing Samarang praptanipun | wanci byar minggah dharatan ||

47. petor bêsar mêthuk aglis | sarwi ambêkta kareta | wus lajêng wau lampahe | praptanira kapetoran | petor aris têtanya | inggih ta paran pukulun | wong agung-agung karsanya ||

48. mojar Tuwan Sèh Ibrahim | wus nora ana rinasa | amung Mangkubumi bae | kabèh-kabèh nora ana | amikira kang liya | wus sah ing sakarsanipun | angadêgakên [a...]

--- 56 ---

[...ngadêgakên] sri nata ||

143. Sinom

1. nulya Wirasari prapta | miwah Wiryamanggalèki | petor bêsar atêtanya | bapak paran warta Jawi | dêlèr badhene malih | anglud dènira amukul | inggih sapurugira | angêsuka Mangkubumi | rêmbag kanthi Pangeran Mangkunagara ||

2. Wiryamênggala turira | inggih badhene ingungkih | Mangkubumi ênggènira | petor bêsar matur aris | mring Tuwan Sèh Ibrahim | lah tuwan paran puniku | Mangkubumi ginêcak | yèn tuwan datan tumuli | nungkak dhatêng barise dêlèr punika ||

3. Tuwan Sarib Bêsar lingnya | lah ta petor sun lumaris | sapa kang milu maring wang | petor bêsar anauri | kula ingkang ngaturi | Mantri Bahrawa puniku | tuwin mantri sadasa | sagêgamane lumaris | kang rumêksa ing tuwan wontên ing marga ||

4. asru dènira ngandika | wau Tuwan Sèh Ibrahim | iki pakirime jendral | mring sutèngong Mangkubumi | petor umatur aris | pênêd inggih lajêngipun | nanging mêdala Dêmak | lampah rungak anênitik | gène baris sutanta Natèng Banaran ||

5. bêcik Wirasari sira | ingkang lumaku pribadi | anggawa surate tuwan | iya ingsun angantèni | lan Mantri Kalicêri | kang padha jaga karyèku | dene tuwan lajênga | dhatêng ing Surakartèki | tuwan dêlèr barise nèng Butuhkuyang ||

6. Wirasari pinitungkas | katura ing anak mami | Mangkubumi

--- 57 ---

lamun sira | ingsun karya pulmak mami | dene pracaya mami | Wirasari nêmbah mundur | lan petor dutanira | Ki Wirayuda kang nami | sarêng budhal lawan Tuwan Sarib Bêsar ||

7. ingiring Mantri Bahrawa | wontên sawidak turanggi | dharatipun kalih bêlah | kèndêl Ungaran sawêngi | nagari Jawi osik | kambah prajurit saking Rum | Jêng Tuwan Sarib Bêsar | nênggih Tuwan Sèh Ibrahim | kathah ingkang nêdya panggih amrih sawab ||

8. amisuwur ing pawarta | lamun Sèh Ibrahim Turki | wus mijil ingkang mangunah | kadya karamating wali | misuwur tanah Jawi | baya iki tatanipun | kambah ing waliullah | mangkana kang ngucap malih | agêbagan kang nêdya panggih ing tuwan ||

9. nora ketung kasusahan | tuwa nom jalu lan èstri | sabên kèndêl sami marak | bêkta pêpanganan sami | sêkul lan ulam pitik | praptèng Salatiga sampun | sakiwatêngênira | wiwit awan kongsi wêngi | anèng marga samarga-marga mangkana ||

10. budhal saking Salatiga | sapraptaning Bayalali | kadya kinêrig wong desa | prasamya prapta ngabêkti | Surakarta winarni | upêrup matur sang prabu | Hèndrik Johan Abraham | yèn badhe wontên wong Turki | utusane Jêng Sultan Muhammad Lekan ||

11. kadi benjing-enjing prapta | samangke nèng Bayalali | langkung saking badri bêsar | pênêt tuwan angurmati | bilih dhatêng mariki | tuwan inggih dipun cakut | punika tuwan jendral | sami ajrih

--- 58 ---

angajèni | dhapuripun siwêr inggih kulit pêthak ||

12. ya ta enjing kawuwusa | prapta Tuwan Sèh Ibrahim | pukul satêngah sawêlas | prapta lajêng marang loji | sang nata wus dhawuhi | badhe pasanggrahanipun | pantês ing Kaluraman | pinarnah ing pinggir kali | nyuwungakên wismèng Mantri Sumayuda ||

13. Yan Hèndrik Johan Abraham | langkung dènira amèt sih | urmat mariyêm ping sapta | apan ing samargi-margi | Ungaran Bayalali | Salatiga aming mitu | lajêng wau ngaturan | apêpanggih sanga aji | wus binêkta sami anitih kareta ||

14. sapraptanira jro pura | agupuh sri narapati | amêthuk ing palataran | kagyat Sèh Ibrahim Turki | sêmune raja iki | amirip kêrabat ingsun | wusnya sami alênggah | satêngah jam winatawis | uprup mamitakên sayah makuwona ||

15. sang nata ngatêr ing natar | wus salaman manthuk amit | lajêng dhatêng Kaluraman | uprup misih atut wuri | Pangulu Wôngsaniti | tampi timbalan sang prabu | kinèn amanggihana | Tuwan Sèh Ibrahim Turki | bêkta suguh mring pakuwon Kaluraman ||

16. prapta sami atur sêmbah | angaras padanirèki | kang mathoki Saradipa | ingkang jaga rina wêngi | Pangulu Wôngsaniti | sami kodhêng basanipun | kang ngêntèk basa Arab | amung Ki Kaji Muktasim | tinimbalan Kêdhunggudèl wismanira ||

17. wau ing sapraptanira | sira Ki Kaji Muktasim | kang minôngka juru basa | lêga kang angadhêp sami |

--- 59 ---

Pangulu Wôngsaniti | sami angsal-angsal katur | dinangu ing sang nata | pocapane Sèh Ibrahim | antuk têgês kunêng malih kawuwusa ||

18. Sang Prabu ing Kabanaran | ngalih pakuwon Talgaji | dhusun agêng têngah wana | lèpènira kanan kering | langkung saking prayogi | wontên masjidipun agung | kinarya barjumuwah | suka manahing wadyalit | ya ta wau Radèn Wirasari prapta ||

19. mantri Dêmak pitu samya | kang dhèrèk lampahirèki | wontên kuda tigang dasa | wau Radèn Wirasari | jujug pakuwonnèki | Pangran Natakusumèku | lajêng atur uninga | yèn dutane Sèh Ibrahim | Wirasari bêkta mantri Dêmak kathah ||

20. katur ing nata ngandika | nimbali kang baris ngarsi | pra dipatya pra santana | kèndêl carakanirèki | anèng pakuwon sami | Pangran Natakusumèku | praptane pra dipatya | caraka ngandikan aglis | kerid marang Pangeran Natakusuma ||

21. sapraptanira ngajêngan | duta Radèn Wirasari | ngaturakên sêratira | ingkang saking Sèh Ibrahim | lawan kang sêrat malih | saking jendral angsul-angsul | lan sagung kêkintunan | akathah awarni-warni | samya suka mulat sagung pra dipatya ||

22. sêratira Sarib Bêsar | pratela ing lampahnèki | lamun unggul kang bicara | jendral alingsêm tan sipi | nanging cinêkak ugi | anutuh ing bangsanipun | Jendral Emuph ing kina | kang tiwas kapati-pati | lan Hondorop gumun aculikèng [acu...]

--- 60 ---

[...likèng] praja ||

23. wus dilalah bêjanira | anak ingsun Mangkubumi | dene anuju pun bapa | kang ngêmbat prakawis iki | kêna gitik-ginitik | lawan wong atêmên iku | yèn mantêp ana uga | iya pitulunging Widhi | sutaningsun ingkang pitaya mring bapa ||

24. iya marang panglurugan | bubarakên kang abaris | Si Hondorop wus muliha | dèn enggal marang Sêmawis | tan wurung sira benjing | tinarima panêdhamu | tinurut sira benjang | lungane saking Samawis | langkung suka Sri Bupati Kabanaran ||

25. anulya surate jendral | tinupiksa tan atêbih | lan sêrate Sarib Bêsar | iring-iringan anunggil | ing wêkasane sami | saguh amêcat gupêrnur | saking nagri Samarang | miwah saguh angadili | atêtulung tan wurung kinarya raja ||

26. ing jendral panêdhanira | sampun kathah sônggarunggi | Kumpêni pasthi tan cidra | mring Susunan Mangkubumi | asal saguh ngrêsiki | nyenapatèni prang pupuh | bôndha-bandhuning aprang | miwah kanthining prajurit | sampun susah Kumpêni kang matah-matah ||

27. jêr wajibing kang sarira | angrêsiki tanah Jawi | Kumpêni nguruni bôndha | prabeya amangun jurit | kang sarira pribadi | arjane ingkang anêmu | kabèh riwuking praja | mungsuh rêrêgêding bumi | Kumpêni srah mung wruh sirnane kewala ||

28. mungsuhe padha urakan | mungguh pêthèking Kumpêni | sayêkti tandhinge jipat | pasthi bêcik Mangkubumi | anak ratu sayêkti | lan atine sêtya tuhu | lan [la...]

--- 61 ---

[...n] durung aprang cidra | lami prang lawan Kumpêni | pan ing kono tinêmu prajurit nyata ||

29. lan sakathahing prakara | wontên rama dika yêkti | inggih Tuwan Sarib Bêsar | singa ingkang dèn sênêngi | tan wani mêlawani | ing caraka Sultan ing Rum | amung nanggung kewala | yèn liyane Mangkubumi | kinarsakna tan purun lamun nanggunga ||

30. angluwarna kasusahan | sutaningsun Mangkubumi | pan iya môngsa wurunga | Sarib Bêsar wus amalih | rujuk lawan Kumpêni | sapa kang agawe wurung | dutèng Rum wus waspada | nora kêna dèn kilapi | sawusira maos srat sukèng wardaya ||

31. tyasira marwata suta | sigra dènira mrentahi | Adhi Mas Natakusuma | sira saosa turanggi | pasangan têlung rakit | kang prayoga ulêsipun | sun karya kêkiriman | marang Gurnadur Batawi | tur sandika Pangeran Natakusuma ||

32. Pangeran Natakusuma | dhawuh sagung pra dipati | sigra asamya utusan | marang barisan ing ngarsi | duta wus dèn angsuli | Radèn Wirasari sampun | kathah ganjaranira | tigang dalu nèng Talgaji | enjang pamit wus mantuk mêdal ing Dêmak ||

33. wuri ngalih pasanggrahan | tilar pakuwon Talgaji | marang ing Jurangkênanga | kêrig sagunging prajurit | masanggrahan sang aji | nèng Jurangkênanganipun | wadyagung pamondhokan | Mas Rôngga atur udani | têlikipun prapta saking Pranaraga ||

34. andhèrèk lampahing mêngsah | budhal saking Pranaragi |

--- 62 ---

bupati môncanagara | kang sampun nungkul kinêrig | cacahing kang turanggi | watawis salêksa langkung | langkung gêng kang gêgaman | mangke prapta Sukawati | wontên Tugu gènnya pacak barisira ||

35. lawan dêlèr sêmadosan | maksih nèng Butuh gèn baris | wau kalane miyarsa | amèsêm sri narapati | baris kang anggêdhèni | wadya môncanagarèku | pakantuk nadhahana | arahan môncanagari | angundhangi sagung prajurit prayitna ||

36. upama yèn pinukula | badhe anêdya nadhahi | nanging kapalang punika | pitungkase Sèh Ibrahim | sampun nadhahi jurit | yèn wontêna mungsuh rawuh | dadya sami angadhang | margining mungsuh kang sami | anêliki gèning baris mungsuhira ||

37. amêndhêm prajurit wana | momor tan wontên kulambi | kadya wong desa kewala | wong pitung puluh pinijig | Mas Rôngga kang prajurit | pinêthil wong patang puluh | Pangeran Pakuningrat | wonge tri dasa pinijig | tinindhihan binêkta miranti wana ||

38. wau ingkang masanggrahan | nèng Tugu sawadyanèki | balabar ngêbaki wana | pangeran sigra anuding | caraka badhe panggih | kalawan tuwan gupêrnur | bêkta wadya turôngga | gangsal atus dharatnèki | nyabrang lèpèn kang liwat sami umulat ||

39. bêkta bandera sakawan | kang priyayi nut wong cilik | bêcik kang adoh macalang | watêke waspadèng warti | tur karêpe wong cilik | akèha [a...]

--- 63 ---

[...kèha] dènnya ngrêramu | lajêng sagung gêgaman | angliwati kang miranti | balanipun Pangran Arya Pakuningrat ||

40. amomor saking ing wuntat | Mas Rôngga balanirèki | amomor saking ngiringan | bêkik lajêng anumbaki | angulewang ambêdhil | ingamukan kathah lampus | ngiwa nêngên katrajang | busêkan tan amalêsi | ting gudandap ngiwut Pangran Pakuningrat ||

41. Mas Rôngga angamuk duta | gusis wau kèh ngêmasi | ingkang pêjah pitung dasa | nêmbêlas kacandhak urip | banderane sarakit | kacandhak sarakitipun | sèkêt kuda kabandhang | sanjata waos kèh kèri | langkung majêng kèndêl Tugu pabarisan ||

42. opyak ana mungsuh prapta | wong pacalang kang katail | undhang prasamya prayitna | sakêdhap gègèrirèki | badhe dipun wangsuli | ambêkta gêgaman agung | nanging tan kalampahan | wuwusên kang mêntas jurit | Pangran Pakuningrat kalawan Mas Rôngga ||

43. mundur ing Jurangkênanga | ing pasanggrahan sang aji | angaturakên bandhangan | pirang-pirang rèntèng kuping | nênêm sirahing mantri | sèkêt kuda alit agung | bêbandane nêmbêlas | kalewang waos lan karbin | langkung suka sang nata dènnya umulat ||

44. dinangu rakiting aprang | punggawa kalih wotsari | wau Pangran Pakuningrat | Mas Rôngga umatur aris | sasolahing ajurit | langkung sukanira prabu | kinèn ambagi samya | bandhangan dipun waradin | wus binagi sakancanira [sa...]

--- 64 ---

[...kancanira] warata ||

45. pakuwon Jurangkênanga | tan alami dèn ingsêri | masanggrahan ing Rarômba | tan owah baris pangarsi | papan langkung prayogi | wau ta malih winuwus | Jêng Tuwan Sarib Bêsar | kang wontên Surakartèki | sarêng lampah agantya panggambuhira ||

144. Gambuh

1. kang abdi Sang Aprabu | ing Surakarta ngulamanipun | pan andina ngadhêp Tuwan Sèh Ibrahim | Wôngsaniti lan pangulu | agung dènira ngalap sor ||

2. sapira kêtibipun | ingkang ngaturkên sugatèng prabu | dhawuh marang Ki Kaji Amad Muktasim | Kaji Muktasim umatur | andina saking kadhaton ||

3. pangandikanirarum | Jêng Tuwan Sarib maring pangulu | hèh pangulu ratumu amêlasasih | umatur kyai pangulu | lan Kaji Muktasim kinon ||

4. tuwan gih sakalangkung | dhasare yatin kalane timur | duk miyarsa kagyat Tuwan Sèh Ibrahim | ngandika Tuwan Sèh asru | ya Muktasim yèn mêngkono ||

5. sun dongakna Hyang Agung | apa ta sukak baturi aku | matur nêmbah wau Ki Kaji Muktasim | tuwan inggih sakalangkung | sadaya dhêku rumojong ||

6. bismillah ngadêg sampun | sarwi nêtêpakên srêbanipun | kang umulat sadaya sami umiring | mangkarag gêgithokipun | sami eram sama dongong ||

7. de sangêt swaranipun | sarta barêbês wêtune kang luh | wus dangune sirêp tanpa swara aris | wus mari pangadêgipun | Tuwan Sarib lajêng lunggoh ||

--- 65 ---

8. sarwi ngandika arum | uwis Muktasim pandonganingsun | kaya tinarima mring Hyang Mahasukci | sira mau padha dulu | duk sun barêbêl wêtu loh ||

9. ing kono dhawuhipun | wahyu kalamun ratunirèku | pasthi nêmu pitulung dera Hyang Widhi | tulus adêgira ratu | tan ana nêmu pakewoh ||

10. salamêt ing donyèku | nadyan ngakerat iya wallahu | aklam satuhune kang madêg narpati | padha anêmu rahayu | aja na nêmu pakewoh ||

11. ya arsa pamit ingsun | banjur marang barisane Butuh | sigra Tuwan Sarib Bêsar marang loji | Yan Johan Abraham sampun | angatêr manjing kadhaton ||

12. wus panggih sang aprabu | Tuwan Ibrahim wus pamit sampun | mring sang nata nutugakên karyanèki | para ngalim kinèn tumut | abdinira sang akatong ||

13. angatêr marang Butuh | wus mêdal saking ing pura laju | Uprup Abram angatêr lampahirèki | saonjotan wangsulipun | Tuwan Sèh wus praptèng Butoh ||

14. panggih lawan gupêrnur | langkung gugup dènira andulu | badri bêsar nanging ta wong sabrang iki | apa baya karyanipun | dêlèr urmat atêtakon ||

15. hèh babo ya tuwanku | paran ing karsa tuwan puniku | anêdhaki gèn kula apacak baris | punapa ingkang pinundhut | kula sumôngga kemawon ||

16. Tuwan Sarib sumaur | arêp wêruh bae barisanmu | êndi ingkang putus pakaryamu iki |

--- 66 ---

êndi ta kang dadi batur | êndi ingkang dadi mungsoh ||

17. gupêrnur lon sumaur | kang dadi batur kêkasihipun | Pangran Adipati Mangkunagarèki | Mangkubumi mungsuhipun | kang sampun jumênêng katong ||

18. Tuwan Sèh malih muwus | êndi tandhane kang dadi batur | apa uwis katêmu marang sirèki | dêlèr alosalon. sauripun | tuwan ing batin kemawon ||

19. gih lamun wong puniku | sampun asaguh yèn dadi batur | nuli cidra Gusti Allah botên kêni | basane kang kula rêngkuh | Tuwan Sarib mojar bêkoh ||

20. sira iku gupêrnur | angagulakên kadibyanamu | wong kumingsun sira iku sun arani | mulane tiwas sirèku | têkonmu ingkang mêngkono ||

21. wong tôndha lambe gugu | iki Mangkubumi sêratipun | prapta ing Batawi wis ginugu pasthi | iya marang ing gurnadur | sagung Kumpêni wus golong ||

22. prasami sukanipun | Tuwan Dhirèktur Petrus Albètrus | kabèh suka iya marang Mangkubumi | pambêkane sêtya tuhu | durung linyok durung goroh ||

23. lah iki karyaningsun | iya ambubarakên barismu | tuwan jendral wus anyandhak Mangkubumi | tan wurung ginawe Ratu | ing bumi Jawa sêparo ||

24. tinuduhkên capipun | pucat netyane tuwan gupêrnur | angrêrêpa marang Tuwan Sèh Ibrahim | tuwan kula nêdha tulung | sampun kantos manggih awon ||

25. Tuwan Sarib sru muwus | ya ora ala tiwas sirèku | dene gugu swara Mangkunêgarèki |

--- 67 ---

wong ora gêlêm katêmu | têka sira maksih ngrêngkoh ||

26. pira antaranipun | ya gonira wiwit badhamèku | wis sataun têka nora bisa panggih | seje Mangkubumi iku | ngajak pasthi ing wiraos ||

27. bêcik angajak têmu | sapa ginawe wakil gurnadur | samangsane ngajak sapatêmon dhingin | yèn wis têmu nuli rêmbug | gunême enak linakon ||

28. mêngkono padha tuhu | padha wong têmên agathak-gathuk | yèn wis kowe bubar mulih mring Samawis | nulya sun kinèn têtêmu | wakile jendral pan ingong ||

29. sigra têngara umung | ambêdholakên baris gupêrnur | saking Butuh akêbut sarêng saari | kang baris agêng mangidul | kadya lun gumulung golong ||

30. kunêng malih kawuwus | sarêng ing gantya ingkang winuwus | Panêmbahan Madura duk praptanèki | prajurite pitung atus | sarta surate Pandorop ||

31. siyang laku jinungkung | dènira arsa antêp prang pupuh | iya lawan Susuhunan Mangkubumi | lir angajak ngêbut têlu | arsa mêksa si palugon ||

32. rubêd pangêrigipun | prajurit Sampang milane kantun | mila prapta nèng Surakarta nagari | Panêmbahan Madurèku | anèng wisma Petor Brikton ||

33. dene ta wadyanipun | lèr Baturana pangalèripun | nocog gêdhong prajurit ing Madurèki | sarêng dêlèr praptanipun | saking barisan ing Butoh ||

34. panggihan loji sampun | Pangran [Pangra...]

--- 68 ---

[...n] Madura lawan gupêrnur | lawan wau nênggih Tuwan Sèh Ibrahim | panêmbahan mèsêm muwus | tanya dadine lêlakon ||

35. tuwan idêlèr tutur | suwuk saking dutane Sultan Rum | Tuwan Sarib nimbali Kaji Dul Jakim | praptanira ngarsanipun | kinèn nyauri wiraos ||

36. panêmbahan puniku | sampun jinarwan lamun gurnadur | karsa nyandhak Susunan Amangkubumi | ing watak sêca satuhu | ingkang nora watak linyok ||

37. lamun kasor ing pupuh | arsa kinukup sêdya tinulung | wong atêmên wêruh lamun dèn bêciki | panêmbahan sru gumuyu | tan ngilangkên manising wong ||

145. Dhandhanggula

1. panêmbahan sigra animbali | Kudapranglangit prapta ing ngarsa | panêmbahan lon ature | tuwan lah ta puniku | rencang kula sok kula tuding | têmu Mangkunagara | wontên ping sapuluh | dèrèng pinanggihan cêlak | kula utus inggih dhatêng Mangkubumi | sok pinanggih pan cêlak ||

2. atêtanya Tuwan Sèh Ibrahim | bêcik êndi Mangkubumi ika | kalawan kaponakane | lawan wêwatêkipun | matur nêmbah Kudapranglangit | kula matur balaka | pilih ramanipun | nadyan wêwatakanira | botên beda inggih pênêd Mangkubumi | watak saking santosa ||

3. botên môntra yèn mungsuh tinuding | codakèng mêngsah ngandika cêlak | tan kêna sèlèh dhuwunge | lah ngarah apa iku | lah Pranglangit nganggoa kêris | môngsa sira wania | anyuduk [anyu...]

--- 69 ---

[...duk] maringsun | sanadyan sira wania | ingsun wani krismu bêcik ingsun wani | sarwa gumujêng latah ||

4. lamun Pangran Mangkunagarèki | yèn manggihi têbih lamat-lamat | tan purun ngandika dhewe | tan katon kuncungipun | malah langkung êsak kapati | gumêr kang amiyarsa | wuwuh mantêpipun | Tuwan Sarib duk miyarsa | pratingkahe duta Madura Pranglangit | ingkang agung dinuta ||

5. wong Madura marang Mangkubumi | iya marang Amangkunagara | liwat seje wêwatêke | Mangkubumi wus punjul | kasumbagèng liya nagari | budi wilêd santosa | têtêp mantêpipun | wiraganira noraga | kasusatya prasasat ing tyas nir wèsthi | was-uwas tan kawawas ||

6. putus ing tyas titis tan katawis | anêratas ing tyas kasantosan | titih tan katutuh tètèh | ing tata tuhu tangguh | tula-tula labêt taliti | nir guna amiguna | rucine rinacut | rêjane ngeja kaharjan | nir rêringa kramisthanira kaèsthi | amusthi tanpa asta ||

7. nistha madya tama nitèng tami | tuman têmên tumut ing utama | kanisthan puthês pinêthès | mawut dèn awut-awut | watak wuta tan dèn atuti | mrih aywa katalêtah | têluh katalutuh | kalamun katula-tula | Tuwan Sarib Bêsar langkung sukanèki | têtela ing wêwarta ||

8. dêlèr lagya prapta tigang latri | pan jinujul ing utusanira | Pangran Mangkunagarane | kang taksih baris tugur | suratira [surati...]

--- 70 ---

[...ra] ngajak anggitik | mring Natèng Kabanaran | mangkya barisipun | kang anèng dhusun Rêraba | rencangipun kathah minggat kantun kêdhik | duta Mangkunagaran ||

9. Dêmang Karanganyar kang tinuding | lawan Ngabèi Malangsumirang | Ngabèi Malangdewane | dêlèr ngaturi gupuh | Panêmbahan ing Madurèki | myang Tuwan Sarib Bêsar | ingaturan rawuh | surat wau kinèn maca | juru basa ing têmbung ajak anggitik | mring Natèng Kabanaran ||

10. tuwan dêlèr nênggih dèn aturi | mêdal saking ing kulon bangawan | pan ing Japuh panyabrange | kulon jog wetanipun | kula nyabrang Malalèn nênggih | binêskup kadi bebas | nênggih sampun tanggung | sawusnya titi kang sêrat | Panêmbahan Madura ingkang nauri | duta Mangkunagara ||

11. hèh caraka matura sirèki | mring anak Arya Mangkunagara | hèh duta makatên lire | tiba têngah katèngsun | nora nyêbut pangran dipati | marang bêndara dika | dene kula ngrungu | undhang Natèng Kabanaran | jabêl nama duk wau dènnya maringi | Sri Natèng Kabanaran ||

12. duta katiga tumungkul sami | langkung lingsêm dening panêmbahan | nyêngkrok-nyêngkrok pamuwuse | lajêng dènnya amuwus | panêmbahan mring duta katri | punika adhi duta | ing sayêktinipun | dêlèr sampun maras-maras | yèn anganggêp mring Pangran Mangkunagari | kalêbu tanpa ngrasa ||

13. ujar liwat têka dèn andhêgi | dadi dêlèr kang kêna [kê...]

--- 71 ---

[...na] ing tarka | wong tanpa susuh têgêse | dadi ta suratipun | Pangran Mangkunagara mangkin | pan datan winangsulan | kêdhik asilipun | ambêburu ujar liwat | dêlèr antuk ujar wong gêdhe Batawi | dene nganggêp pangeran ||

14. jendral sampun nganggêp Mangkubumi | apa bêcik padha ujar pisan | padha watêk pasajane | punika karêp ingsun | anak Arya Mangkunagari | bêcik padha têmua | mupung ana ingsun | patut ingsun iki tuwa | kula rêksa ing karo-karone sami | ana ngarah têmênan ||

15. lamun ora angarah sayêkti | apa gawe kudu lêlayangan | wong golèk cacad awake | kudu angajak magut | sapa ngandêl wurung kapanggih | uwis duta muliha | lurah ngong gupêrnur | olèh cacad marang jendral | anganggêp wong ingkang durung apêpanggih | angura ngayawara ||

16. duta katri nulya pamit mulih | lampahira datan antuk karya | prapta ing Tugu lampahe | katur mring gustinipun | lampahira lamun tinampik | mila mundur mring Sala | pun dêlèr kasêndhu | dhatêng ing gurnadur jendral | dene lawas durung ana tur udani | dènira pêpanggihan ||

17. apa gawe tinutugkên iki | môngsa kurang têrahing Mataram | iya kang bêcik atine | pangeran duk angrungu | langkung ngungun kaduwungnèki | nanging pangrasanira | ing tyas wus amêngku | sakala ing nungsa Jawa | sakênane wau wong môncanagari | tanah kang pitung lêksa ||

--- 72 ---

103. Pangeran Mangkunagara ngaturakên tobat dhatêng ingkang rama Sunan Kabanaran. Adipati Suryanagara kautus dhatêng Samarang ngaturakên pisungsung dhatêng jendral ing Batawi

18. ya ta wau pakuwonirèki | Pangran Dipati Mangkunagara | yèn bêngi udan malinge | maling gumriwis rêbut | tan ngobêri ing sabên wêngi | mangkana êmbanira | kang garwa tinuduh | Nyai Ban Singamênggala | ngaturakên turôngga dhawuk kêkalih | lan angaturi sêrat ||

19. mring kang rama nênggih sri bupati | lawan garwa jêng ratu bandara | nyuwun rorod dèn eyange | ing kangjêng ratu ibu | sinjang lawan kasêmêkani | lawan nyênyuwun pisan | kagunganirèku | para kêbayan nêmbêlas | kang angiring nyai êmban wus lumaris | lumampah rantab-rantab ||

20. lampahira pan sampun lumaris | cacah priyayi ingkang turôngga | gêng alit amung salawe | langkung barisanipun | pra dipati baris ing ngarsi | têtindhihe Mas Rôngga | kagyat duk andulu | wong liwat arantab-rantab | kinèn mandhêg tinakèn dutanirèki | Pangran Mangkunagara ||

21. nyai êmban kang samya dèn iring | wus ingandhêg sadaya kèndêla | Mas Rôngga utusan age | sigra wau

--- 73 ---

anuduh | mantri ngarsa ingkang tinuding | tur uningèng Pangeran | Natakusumèku | yèn wontên caraka prapta | saking Pangran Mangkunagara dutèki | punapa kinarsakna ||

22. punapa ta tinulaka aglis | Pangran Natakusuma gya sowan | tur priksa wontên dutane | Adhi Rôngga Pukulun | tur uninga caraka prapti | saking ing putra tuwan | Mangkunagarèku | punapa tuwan karsakna | manawi ta paduka tulak sayêkti | nata gumujêng suka ||

23. adhi liwat kanisthanirèki | iya wong balèkake kongkonan | dhimas timbalana age | duta ya prapta iku | nanging padha dèn ngati-ati | ing batinan kewala | nêmbah samya mundur | sapraptaning pakuwonnya | dhinawuhan hèh mantri dutane adhi | caraka banjurêna ||

24. sigra nêmbah amit duta prapti | sampun prapta ênggène Mas Rôngga | dhinawuhakên ing mangke | nênggih timbalanipun | Pangran Natakusuma aglis | Mas Rôngga paparentah | mring mantri panganjur | wus kinèn ngirid caraka | ing praptane jujug pakuwonirèki | Pangran Natakusuma ||

25. duta prapta pakuwonirèki | Pangeran Arya Natakusuma | pan sampun sinaosake | ing ngarsanira prabu | nyai êmban majêng wotsari | angaturakên sêrat | katur wus pinundhut | binuka sinuksmèng driya | atur tobat panalôngsa miwah malih | kang kawrat kang wus kangkat ||

26. kawula nuwun parentah

--- 74 ---

yêkti | gih pêrkawis paduka ngarsakna | kondur praja Matarame | nganggêp kawula dangu | mangkya sampun èngêt ing pikir | sumôngga karsa nata | suwawi pukulun | rumiyin kêni rêncana | manah liwung ngupados margining pati | mangkya sampun watgata ||

27. ngaturakên kuda dhawuk kalih | pan saosan agêm kalih pisan | wus titi tamat sêrate | kinèn makuwon sampun | sampun dhawah ing karya tulis | Tumênggung Sindusastra | surat angsul-angsul | mring Pangran Mangkunagara | sawusira sinaoskên dèn êcapi | wus pinaringkên duta ||

28. lan pakintun rama ibu sami | pinaringkên duta sigra mêsat | êmban Singamênggalane | ing marga tan winuwus | praptèng Tugu katur ing gusti | Pangran Mangkunagara | surat rama prabu | binuka sinuksmèng driya | bêbukane sira kulup kirim tulis | marang sun tur pariksa ||

29. ing prakara aturira iki | ingsun iki wong tuwa tan bisa | kakèhan ubêd têgêse | sun turut sakarêpmu | sira eling ingsun ya eling | yèn sira lali lagya | iya sakarêpmu | mangkya sira anêlôngsa | sun parentah muliha Pajang Matawis | têtulunga ing yuda ||

30. ing Mataram kabrokan Kumpêni | lawas-lawas bumi têmah rusak | wus môngsa bodhoa kowe | arêbut wong Matarum | sampun titi wau kang tulis | pangeran sigra undhang | marang wadyanipun | bêndhe ngubêngi barisan | undhang lamun wus atut aruntut malih |

--- 75 ---

lan Natèng Kabanaran ||

31. sami têntrêm tyasira wadyalit | kunêng malih gantya winursita | panêmbahan lawan idlèr | wis pamit mring sang prabu | miwah tuwan ya Sèh Ibrahim | budhal marang Sêmarang | Pangran Madurèku | atilar prajuritira | kalih atus têtindhih mantri kêkalih | pun Lêmbu Surènggana ||

32. Dêmang Lêmbusôngka kang satunggil | panêmbahan pitu likur dina | nèng Surakarta lamine | mêmulang sang aprabu | sakèh bêksa sami ngawaki | kathah kang wus kacandhak | dènira sang prabu | praptane nagri Samarang | dhêdhêp sirêp idlèr tan milu prakawis | mung Tuwan Sarib Bêsar ||

33. surat jendral agung ingkang prapti | ingkang dhatêng Tuwan Sarib Bêsar | idlèr tinambuh tan olèh | ing surate gurnadur | amung petor bêsar mêningi | lawan sinung pariksa | kang gawa puniku | dene Tuwan Sarib Bêsar | iya saking wismane dipun ênggèni | mring Tuwan Sarib Bêsar ||

34. ya ta wau kawuwusa malih | Pangran Dipati Mangkunagara | rolas ing Sura budhale | saking baris ing Tugu | arsa ngrêbat nagri Matawis | parentah ingkang rama | linakon puniku | sapa wruh tutuge karya | pan ing ngriku sagah nyaut abadhami | lan Natèng Kabanaran ||

35. wus kinêrig wong môncanagari | kadi wontên turôngga salêksa | wontên rong lêksa dharate | parentah mring panganjur | angampiri Surakartèki | têtindhihe pangarsa | prajurit jronipun | satus [satu...]

--- 76 ---

[...s] saragêni abang | panumbake prangtandang atusan bêdhil | nênggih sragêni abang ||

36. môncanagara limang bupati | ing Kaduwang lan ing Jagaraga | Balora Rawa Kalangbrèt | gêcak Surakartèku | lampahira wus andhingini | pangeran maksih têbah | kalawan panganjur | rampit Sangkrah Pasampangan | tinadhahan wong bumi campuh ing jurit | ramya abêbêdhilan ||

37. binantonan Kapitan Dul Jalil | kang jênêngi Walandi sakawan | lawan nênêm kastabêle | kalih mariyêmipun | rame aprang bêdhil-binêdhil | pukul kalih awit prang | malah kongsi surup | kalêbon ing Pasampangan | wismanira têtiga ingkang binêsmi | ubêg sajroning desa ||

38. nulya ngamuk Kapitan Dul Jalil | lan wong bumi sami anarajang | Kapitan Simbang praptane | lajêng tumut angamuk | wong prangtandang nênêm kang mati | môncanagara giwar | sinusul wus kawur | ing mariyêm tundha-tundha | akèh kêna prajurit ingkang turanggi | malêdug asarsaran ||

39. sampuning rêp mungsuh undurnèki | pan kapêthuk anèng Wanasraya | Pangran Mangkunagarane | sande kasaput dalu | amakuwon Wana prayogi | badhe enjing kewala | ing pangrampitipun | ing Surakarta ubêkan | aprayitna miyarsa badhe rinampit | dalu pacak barisan ||

40. kang makuwon Wanasraya enjing | budhalira gumuruh kang bala | ambêlabar wun-awune | kadya wana katunu | wadyanira pangarsa prapti |

--- 77 ---

ing Ganggang kaèbêkan | dhêdhêt kadya têdhuh | sapangidul sapangetan | praptanira Pangran Mangkunagarèki | pukul satêngah sanga ||

41. bala Kumpêni sampun miranti | Kumpêni datan ngantêp parentah | Kumpêni lit panyabrange | Kapitan Barok Kolur | ingkang kidul nyabrang Samanggi | lawan wadya Madura | satus nabrangipun | wong Jawa ngindhung sudagar | duk punika manahira datan ajrih | dening mêngsah alêksan ||

42. wong kang tuwa sami muring-muring | watêke Pangran Mangkunagara | kaya mêngkono adate | dadya pangeran riwuk | anèng Ganggang gênggêng prasami | nora parentah mangsah | tan parentah mundur | mariyêm saleko ingkang | kidul wetan mungêl anguluk-uluki | mimisipun kaliwat ||

43. mungsuh ingkang anèng wuri kêni | ingkang sami mudhun saking kuda | sami juju turanggane | katiban mimis kagum | turôngga kang kajuju kêni | dhadha baune ika | niba lajêng lampus | opyak horêg wuri kêna | lawan bala Kumpêni sami mrêpêki | tan ulap mungsuh kathah ||

44. dadya undhang pangeran ngunduri | mingêr ngidul ngetan Panusupan | angidul ngetan kèndêle | kuda langkung gungipun | kadya pagêr jarak kaèksi | dhêndhêng kadya tan obah | dènira lêlaku | upsir kinèn asêsumbar | payo Mangkunagara sida angrampit | atimu kaya walang ||

45. wingi batur mungsuh dina iki | êmbèn rowang êmbèn dadi mêngsah | ngandêlakên bala kuwe |

--- 78 ---

mêntas mênang prangipun | mungsuh Sunan Amangkubumi | mungsuh saya tan mangan | mungsuh wong angantuk | alêlaku têlung dina | têlung bêngi nora mangan nora bukti | banjur prang mêsthi kalah ||

46. prajurite Surakarta iki | têrajangên iki padha waras | wirangmu malincur bae | iki sudagar ngindhung | samya wani amagut jurit | mangkana sampun têbah | wau lampahipun | pêpikul kang kèri padha | dèn kêkinthil upêsir sami turanggi | ginêpuk anèng wuntat |

Lajêng nyandhak jilid 16.

--- [0] ---

Isinipun

... Kaca

96. Sunan Kabanaran kasoran prangipun kalihan ingkang putra Pangeran Mangkunagara ... 9

97. Sunan Kabanaran kondur dhatêng Sukawati nêntrêmakên manahing para wadya. Pangeran Mangkunagara wontên ing Pranaraga miwaha ingkang paman Pangeran Purubaya, ingkang lajêng sêsilih asma Pangeran Arya Cakranagara ... 19

98. Sultan Bantên mendha-mendha dados santri saking Gowong badhe nusul Sunan Kabanaran dhatêng ing Sukawati. Wontên ing dhukuh Rêpaking dipun pêndhêt mantu kalihan Kiyai Nuriman ... 24

99. Sunan Kabanaran nampèni sêrat saking Sèh Ibrahim ... 32

100. Kyai Nuriman dipun gadhuhi siti Gagatan minôngka dhaharipun Sultan Bantên ... 39

--- [0] ---

... Kaca

101. Sunan Kabanaran ngaturi sêrat dhatêng jendral lumantar Tuwan Sarip Bêsar inggih Sèh Ibrahim, mratelakakên sabab-sababipun dene ngantos mêdal saking nagari ... 43

102. Lampahipun Sarip Bêsar badhe pêpanggihan kalihan Sultan Kabanaran, mawi mampir dhatêng Surakarta ... 55

103. Pangeran Mangkunagara ngaturakên tobat dhatêng ingkang rama Sunan Kabanaran. Adipati Suryanagara kautus dhatêng Samarang ngaturakên pisungsung dhatêng Jendral ing Batawi ... 72