Sastra Jawa

Program Digitalisasi Sastra Daerah

  • Increase font size
  • Default font size
  • Decrease font size

Babad Giyanti, Balai Pustaka, 1937-39, #985 (Jilid 16)

Katalog:Babad Giyanti, Balai Pustaka, 1937-39, #985
Sambung:
1.Babad Giyanti, Balai Pustaka, 1937-39, #985 (Jilid 01). Kisah, Cerita dan Kronikal | Babad Giyanti #1061.
2.Babad Giyanti, Balai Pustaka, 1937-39, #985 (Jilid 02). Kisah, Cerita dan Kronikal | Babad Giyanti #1062.
3.Babad Giyanti, Balai Pustaka, 1937-39, #985 (Jilid 03) . Kisah, Cerita dan Kronikal | Babad Giyanti #1063.
4.Babad Giyanti, Balai Pustaka, 1937-39, #985 (Jilid 04). Kisah, Cerita dan Kronikal | Babad Giyanti #1064.
5.Babad Giyanti, Balai Pustaka, 1937-39, #985 (Jilid 05). Kisah, Cerita dan Kronikal | Babad Giyanti #1065.
6.Babad Giyanti, Balai Pustaka, 1937-39, #985 (Jilid 06) . Kisah, Cerita dan Kronikal | Babad Giyanti #1066.
7.Babad Giyanti, Balai Pustaka, 1937-39, #985 (Jilid 07). Kisah, Cerita dan Kronikal | Babad Giyanti #1067.
8.Babad Giyanti, Balai Pustaka, 1937-39, #985 (Jilid 08) . Kisah, Cerita dan Kronikal | Babad Giyanti #1068.
9.Babad Giyanti, Balai Pustaka, 1937-39, #985 (Jilid 09). Kisah, Cerita dan Kronikal | Babad Giyanti #1069.
10.Babad Giyanti, Balai Pustaka, 1937-39, #985 (Jilid 10). Kisah, Cerita dan Kronikal | Babad Giyanti #1070.
11.Babad Giyanti, Balai Pustaka, 1937-39, #985 (Jilid 11) . Kisah, Cerita dan Kronikal | Babad Giyanti #1071.
12.Babad Giyanti, Balai Pustaka, 1937-39, #985 (Jilid 12). Kisah, Cerita dan Kronikal | Babad Giyanti #1072.
13.Babad Giyanti, Balai Pustaka, 1937-39, #985 (Jilid 13) . Kisah, Cerita dan Kronikal | Babad Giyanti #1073.
14.Babad Giyanti, Balai Pustaka, 1937-39, #985 (Jilid 14) . Kisah, Cerita dan Kronikal | Babad Giyanti #1074.
15.Babad Giyanti, Balai Pustaka, 1937-39, #985 (Jilid 15) . Kisah, Cerita dan Kronikal | Babad Giyanti #1075.
16.Babad Giyanti, Balai Pustaka, 1937-39, #985 (Jilid 16). Kisah, Cerita dan Kronikal | Babad Giyanti #1076.
17.Babad Giyanti, Balai Pustaka, 1937-39, #985 (Jilid 17). Kisah, Cerita dan Kronikal | Babad Giyanti #1077.
18.Babad Giyanti, Balai Pustaka, 1937-39, #985 (Jilid 18). Kisah, Cerita dan Kronikal | Babad Giyanti #1078.
19.Babad Giyanti, Balai Pustaka, 1937-39, #985 (Jilid 19). Kisah, Cerita dan Kronikal | Babad Giyanti #1079.
20.Babad Giyanti, Balai Pustaka, 1937-39, #985 (Jilid 20). Kisah, Cerita dan Kronikal | Babad Giyanti #1080.
21.Babad Giyanti, Balai Pustaka, 1937-39, #985 (Jilid 21). Kisah, Cerita dan Kronikal | Babad Giyanti #1081.

Serie No. 1259o

Babad Giyanti

Anggitanipun Radèn Ngabèi Yasadipura I ing Surakarta.

Jilid 16.

Bale Pustaka - 1938 - Batawi Sèntrêm.

--- [2] ---

Wêwênangipun ingkang ngarang kaayoman miturut anggêr ingkang kapacak ing sêtatsêblad 1912 No. 600.

--- [3] ---

Pangeran Mangkunagara ngaturakên tobat dhatêng ingkang rama Sunan Kabanaran. Adipati Suryanagara kautus dhatêng Samarang ngaturakên pisungsung dhatêng Jendral ing Batawi.§ Miturut babon ingkang sumimpên ing Kon. Bat. Gen. v. K. en W.

146. Pangkur

1. wus lêpas ing lampahira | amakuwon anèng sakidul Picis | dhusun ing Tambakbayèku | sêdalu enjang budhal | sapraptane ing Kusumarêjanipun | pangeran nulya parentah | mring sagung kang pra dipati ||

2. prasamya nata pomahan | kanan kering sagung para dipati | praptanira tigang dalu | wontên ing Sumarêja | wontên duta saking kang rama sang prabu | nama Radèn Têpaswara | amaringakên pawèstri ||

3. Marionêng namanira | nênggih èndhèl badhaya Pranaragi | Têpaswara dutanipun | pangeran langkung suka | Radyan Têpaswara wusnya tigang dalu | pamit lajêng antukira | nanging galibêt ing Jawi ||

4. amomor ing padhusunan | kinèn maspadakakên tingkahnèki | dene wontên kang umatur | yèn arsa madêg nata | ing punika sawusnya sadasa dalu | rêrêsik lun-alunira | rinakit sampun prayogi ||

5. miwah pomahan punggawa | wus ginatra-gatra kewala rakit | nulya ngadêgakên Sêtu | miyos ing pawatangan | nanging dèrèng dènira jumênêng ratu | nanging sadaya

--- 4 ---

rakitnya | sarewa-rewaning aji ||

6. akarya masjid gêng dadya | ngadêgakên Jumungah sampun dadi | angangêrig kaum dhusun | sakanan keringira | abdinira Pangran Mangkunagarèku | arang wong kang wruh sahadat | gêcul dhêdhugalan sami ||

7. dutane Natèng Banaran | Radyan Têpaswara sidik udani | lan angadêgakên Sêtu | rakit-rakit sadaya | taratage miwah ta pangrawitipun | rinakit kang pagêlaran | angapit bangsal pangapit ||

8. nanging Sêtu prajuritan | samya songkok kang watang sêdayèki | Radyan Têpaswara sampun | waspada ing pratingkah | sigra lajêng kalawan sakancanipun | wuwusên Natèng Banaran | ngalih pasanggrahan malih ||

9. wontên dhusun Kalangrambat | langkung saking pêpanipun prayogi | Têpaswara praptanipun | Pangran Natakusuma | wus ingirid Têpaswara ngarsa prabu | katur sasolah-solahnya | Pangran Mangkunagarèki ||

10. sarewa-rewaning raja | mijil Sêtu Têpaswara turnèki | katur marang sang aprabu | yèn katura sêdaya | nangèkakên napas lan gêdhèkkên napsu | nimbali sagung punggawa | miwah kang baris ing ngarsi ||

11. sapraptanira ing ngarsa | paparentah wau sri narapati | anglampahakên panganjur | Sukawati rinêbat | mring Madiun Pangran Bintara tinuduh | kèndêl jêng pangran dipatya | asangêt gêrah panastis ||

12. binêktan mantri tri dasa | mung sakawan mantri jro kang jênêngi | kalawan sragêni cênthung | kawan dasa [da...]

--- 5 ---

[...sa] sakawan | lan nirbaya kawan dasa budhalipun | kawan atus kêkapalan | liya prajurit jro sami ||

13. kang marang ing Sukawatya | Ki Ngabèi Wiranata tinuding | lan mantri ngarsa pêpitu | abarêng budhalira | saking Kalangrambat wau sang aprabu | nuduh kang marang Samarang | Dipati Suryanagari ||

14. lan Tumênggung Sindusastra | Brajadênta Tumênggung Brajamusthi | bêkta sêrat lampahipun | lan nêm rakit turôngga | saking Kalangrambat enjing budhalipun | sadintên ing lampahira | talatah Dêmak Paminggir ||

15. lajêng prapta lampahira | wanci ngasar nagari ing Samawis | Wirasari kang jinujug | lajêng wau binakta | kapetoran kagyat idlèr dènnya dulu | Hondhorop dènnya têtanya | lan ingampirakên sami ||

16. Tumênggung Suryanagara | prajurite jêjêl nèng latar loji | wontên kuda kawan atus | tigang atus bandera | punggawane bêcik-bêcik kang kadulu | Dipati Suryanagara | anèng ngarsa songsong putih ||

17. tênaganira bêranyak | dhasar bagus busanane tulya sri | renda mas rasukanipun | baludru cêmêng pelag | songkok gêrus renda mas mubyar dinulu | dhuwung katri anyuriga | kang satunggil cara Bali ||

18. nyamping sarung madukara | lancingane renda baludru wilis | sinandhing paidonipun | bokor kêndhine wuntat | gya Tumênggung Sindusastra bagus-bagus | baludru cêmêng rasukan | dhuwung katri cara Bali ||

19. nyamping

--- 6 ---

ragi tali sulam | kang lancingan nênggih baludru abrit | apan sami sêdhêpipun | bagus Suryanagara | tuntung wilêt amanis paraènipun | kocap kang dhapur sumamar | lan gustine sri bupati ||

20. dêlèr tanya sintên tuwan | kula dèrèng wawuh dèrèng miyarsi | pun Sindusastra puniku | nguni têtiyang Sala | tuwan sintên pun Sindusastra sumambung | nênggih tuwan pan punika | Dipati Suryanagari ||

21. kang ingakên saudara | mring sudara tuwan sri narapati | dêlèr muwus manthuk-manthuk | inggih kèngêtan kula | yèn makatên andika sêntananipun | gusti sumare Nglawiyan | duk Pangeran Mangkubumi ||

22. lolos saking ing nagara | lêt rong sasi tuwan wangsul rumiyin | andika duk wontênipun | nagara Sala anyar | sampun macak mantri karatyan puniku | nama Dyan Ônggakusuma | pan puniku kawulèling ||

23. lampah andika dinuta | bakta kuda nêm rakit bêcik-bêcik | rêrakitan ulês dhawuk | dhatêng sintên punika | Radyan Suryanagara alon sumaur | inggih dhatêng Sarib Bêsar | dêlèr atêtanya malih ||

24. maring kula ta botêna | kirim basa salamêt ing aurip | Suryanagara sumaur | tuwan botên winêkas | dêlèr angling mring Sindusastra Tumênggung | apa ta wus êntèk pisan | trêsnane mring awak mami ||

25. hèh Sindusastra kaya pa | ora eling pisan ing awak mami | hèh tuwan banjura gupuh | mring Tuwan Sarib Bêsar | lamun [la...]

--- 7 ---

[...mun] sampun palêsthanira ingutus | yèn lêga tuwan panggiha | nênggih lawan kula malih ||

26. wus lajêng Suryanagara | sapraptane gêdhonge petor sami | caraka punggawa sampun | panggih lan Sarib Bêsar | tinampanan sêrat saking putra prabu | kalawan pakintunira | turôngga lus tigang rakit ||

27. kang marang gurnadur jendral | langkung pelag turôngga tigang rakit | lan amungêl suratipun | lamun Mangkunagara | têtêp lamun gawe bondhan tanpa ratu | ngadêgake pawatangan | dina Sêtu amêtoni ||

28. Barija rinakit kutha | akêkojor arsa karya sitinggil | wus dadi taratagipun | rambat langkung kang pelag | Tuwan Sarib petor kang badhe ingutus | maring dêlèr badhenira | prakara Mangkunagari ||

29. petor bêsar duk lumampah | dêlèr lagya tamuwan dutanèki | Dipati Pringgalayèku | angêmban ing timbalan | nênggih saking Sang Prabu Surakartèku | petor praptane wus lênggah | nanging ing têmbung anganti ||

30. dêlèr sawêg maos sêrat | saking Adipati Pringgalayèki | ri sampuning tabenipun | Dipati Pringgalaya | kathah-kathah kaatur maring gupêrnur | wiyose atur uninga | ing Surakarta nagari ||

31. Sura tanggal tiga wêlas | ing taun Je Surakarta nagari | dipun dhatêngi ing mungsuh | nênggih saking lèr wetan | tinadhahan Pasampangan dènnya campuh | kalawan Kumpêni Islam | pun Sambang kalawan Jalil ||

--- 8 ---

32. arame têmpuhing aprang | dening bala Kumpêni anjênêngi | dene tuwan mungsuhipun | wonge Mangkunagara | mati nênêm wisma Sampangan têtêlu | kalêbon mungsuh kaobar | nuntên enjingipun prapti ||

33. Mangkunagara piyambak | wontên Ganggang wadyane lir jaladri | kônca Kumpêni mèh magut | nuntên uluk-ulukan | ing Saleko pan mariyêm ingkang kidul | mungêl ping tiga akathah | balane kang kêna mimis ||

34. lan lajêng bibar kewala | pan mangidul dhatêng Barija malih | mangkya sampun madêg prabu | wus ngadêgakên watang | sabên Sêtu miyos pawatanganipun | dene Mangkubumi mangkya | mangun malih murwèng jurit ||

35. angrêbat môncanagara | Sukawati sampun ramya ajurit | kalangkung grêndakanipun | Susunan Kabanaran | dene Mangkunagara umadêg ratu | karya bondhan tanpa raja | kumalungkung anèng bumi ||

36. wus titi pamaosira | nulya petor ngaturkên surat aglis | winaos kalangkung ngungun | sami goyang kapala | wêkasane surat sami raosipun | petor wau wuwusira | kang parentah Tuwan Sarib ||

37. tuwan idlèr parentaha | abêbantu kang baris nèng Matawis | aja kalakona campuh | lan Natèng Kabanaran | bok manawa tiwas tuwa manahipun | jendral manggih kasusahan | yèn tiwasa Mangkubumi ||

38. dêlèr malih aparentah | Mayor Istimolor ingkang tinuding | dragundêrira [dra...]

--- 9 ---

[...gundêrira] pan satus | rongatus Kumpêni Slam | bupatine Batang Kêndhal Kaliwungu | idêlir parentahira | nusul bantu ardi Gamping ||

39. idlir malih parentahnya | iya lamun campuh lan Mangkubumi | Mangkunagara amukul | jambakên saka wuntat | lamun mênêng adhêpana wurinipun | bature Mangkunagara | ajantuk manjing Matawis ||

40. idlir wau wuwusira | umatura petor mring Tuwan Sarib | apan wus parentah bantu | nagara ing Mataram | kang sun tuduh Idlir Molor Mayoripun | rongatus Kumpêni Islam | têtiga ingkang bupati ||

41. lan sun gawani parentah | samangsane Mangkunagara gitik | nuli jinambak ing pungkur | petor sigra antuknya | praptèng wisma lan Tuwan Sarib wus matur | pun idlir sampun parentah | bêbantu marang Matawis ||

42. tinuduh kapalanira | Mayor Istimolor kang senapati | dragundêrira pan satus | bupatine têtiga | pan ing Batang Kêndhal lawan Kaliwungu | Tuwan Sarib angandika | ya petor tarima brangti ||

147. Asmaradana

1. Dipati Suryanagari | lan Tumênggung Sindusastra | sakancane kinon mondhok | mundhut idlir pêrnahira | sigra sinungan pêrnah | Kaendranatan puniku | papan wiyar tur prayoga ||

2. Kapitan Dongkêl kang prapti | ambêkta sugata kathah | ingkang saking tuwan idlèr | akathah awarna-warna | ya ta ing sapunika | kinèn nganti pitung dalu | anêrangakên kang karsa ||

3. kang kadya malang tumolih |

--- 10 ---

Tuwan Sarib karsanira | arsa pêpanggihan mangke | lan ingkang putra sang nata | dèrèng rampung bicara | ingkang pantês karsanipun | angrampungakên bicara ||

4. Dipati Suryanagari | lan Tumênggung Sindusastra | agung pinanggil mring idlèr | Brajamusthi Brajadênta | sinugata kasukan | sarêng ciptaning gupêrnur | agung dènnya mrih sukanya ||

5. sawusnya wau pinanggil | Dipati Suryanagara | mring Tuwan Sarib Bêsare | ngandikèng Suryanagara | miwah ing Sindusastra | iya iki karsaningsun | sun pêdhote kang bicara ||

6. panêdhane anak mami | tan purun anêpungana | ing gurnadur sakarsane | yèn Hondhorop misih ana | nagara ing Samarang | ajura dèn kumur-kumur | suka tumpês ngadilaga ||

7. yèn Idlir Hondhorop salin | lunga saking ing Samarang | tuwan jendral sakarsane | ya ingsun turut kewala | prapta alara pêjah | nora ngoncati sarambut | lêbur awor ing pratala ||

8. wus anêmah awak mami | aja pisah lan Walônda | anèng paprangan uripe | mangkana Jêng Sarib Bêsar | marang Suryanagara | besuk ing satêkaningsun | Batawi sapisan êngkas ||

9. sêdhêng sun nêrangkên pikir | dadine sagung bicara | mungguh kêraton saparo | iya ing nagara Jawa | suta ngong aja susah | ngèsthia wus takdiripun | lêlakone tanah Jawa ||

10. yèn ana surya kêkalih | ing karsanira Hyang Suksma | dora kalamun maido | ing

--- 11 ---

titah pancèning praja | wus sah ing kodrating Hyang | putraningsun iya uwus | manut ing pratikêl ingwang ||

11. lah sira muliha aglis | Dipati Suryanagara | iki srat wêwangsul ingong | poma-poma sutaningwang | aja amangun aprang | Suryanagara wotsantun | kinèn lajêng pamitana ||

12. wus lajêng lampahirèki | Dipati Suryanagara | sakancanira mring idlèr | pamit lajêng sinangonan | idlèr lajêng mêmatah | ingkang ngatêrakên wau | wangsul ing nagari Dêmak ||

13. wau Kangjêng Sèh Ibrahim | mancal saking ing Samarang | tan kari lan turanggane | tri pasang saking kang putra | lêpas ing lampahira | datan kawarna ing laut | nagari Batawi prapta ||

104. Pangeran Mangkunagara madêg ratu, mêngsah ingkang rama Sunan Kabanaran

14. kunêng gantya kang winarni | Pangeran Mangkunagara | nèng Sumarêja barise | datan wontên kang kaetang | amung prakosanira | gawe bondhan tanpa ratu | pratingkah sasolah-solah ||

15. garêbêg Mulud marêngi | anuju ing taun êdal | mijil marang ing masjide | wus tamtu ing cara kina | anut lampahing Arab | mungguh para ratu-ratu | kaprah Rum Mêsir lan Yaman ||

--- 12 ---

16. Ngatasangin Bawahangin | wus lakune raja kuna | taun Dal miyos masjide | Pangeran Mangkunagara | nora taklim busana | mijil marang mêsjidipun | mung rasukan kotang pêthak ||

17. amrih lampah kang sayêkti | yèn ajubah asikêpan | mung bajo kotang ingangge | sairip lonyot gêculan | baya sampun dilalah | Pangran Mangkunagarèku | kaluhurane kêpalang ||

18. tuwas misuwur ing bumi | Pangeran Mangkunagara | taun Dal miyos masjide | ing sakatèn pitung dina | nêmah sampun akathah | sarewa-rewaning ratu | opyak têbih ing pawarta ||

19. bakdane garêbêg nuli | gègère môncanagara | Pangran Bintara lampahe | ing Madiun wus ginêcak | nanging maksih rame prang | katur kèh prajurit cênthung | kang anèng Madiun mêngsah ||

20. lan mêngsah ing Pranaragi | Surabrata sampun prapta | bupati gêgaweane | Pangeran Mangkunagara | ginusah sampun kesah | Kaduwang Magêtanipun | wadyane Natèng Banaran ||

21. sampun sami prapta malih | tanduran Mangkunagaran | kinaburan kesah kabèh | duk miyarsa langkung duka | Pangran Mangkunagara | dadya Pangeran Madiun | lan sakancane sadaya ||

22. binubarkên mulih sami | mêngkono mantrine jaba | kang kilèn tur priksa age | yèn mêngsah ing Parambanan | nênggih Kapitan Sungrat | akathah bêbantonipun | badhe majêng barisira ||

23. lawan rama padukaji |

--- 13 ---

kirab saking Kalangrambat | badhe nindaki karsane | dhatêng ing môncanagara | yèn wus radin sadaya | inggih badhe nulak wangsul | paduka badhe ginêcak ||

24. rêmbag lawan ardi Gamping | ing mangke rama paduka | sampun bêdhami atute | kinukup dhatêng Walônda | majêng sabaya pêjah | awit dutane Rajèng Rum | ingkang akarya parentah ||

25. akèn angukup têmulitumuli. | dhatêng rama jêngandika | milane kinukup mangke | ing warti rama paduka | kinintunan makutha | inggih dhatêng Sultan ing Rum | mila mangkyanom sang nata ||

148. Sinom

1. Dipati Kudanawarsa | ngaturkên supênanèki | ing wingènipun kawula | dalune Jumungah inggih | katingal duk ajurit | apisah lan balanipun | duk dèrèng tuwan mêngsah | kadi-kadi sabên jurit | yèn kapanggih lan kula tyase santosa ||

2. kathah abdine sadaya | tan sami kula satunggil | satimbalane kang dhawah | kala prang Patidhar nguni | kula kang dipun sami | lawan abdine sapuluh | katingal jro supêna | apisah lawan kang abdi | mêdal saking wana kapêthuk lan kula ||

3. amikul waos piyambak | lawungipun gêng nglangkungi | katingal sami lan pucang | turôngga gêng anglangkungi | ulêse dhawuk putih | sami lan gajah gêngipun | lah kowe Danawarsa | sokur katêmu sirèki | bocah ingsun jroning prang mau kapisah ||

4. gêntènana tumbak ingwang | sayah têmên ingsun iki | kula [ku...]

--- 14 ---

[...la] matur gusti awrat | kados botên akuwawi | sarêng kula tampèni | sakalangkung awratipun | mung antuk sapêmbalang | kapal kula rêbah mati | kula dharat saking tan kuwawi bêkta ||

5. kang sinuwun latah-latah | hèh Kudanawarsa iki | sira iki basakêna | nyolong pêthèk sira iki | ingsun wus angarani | lan wongku siji sapuluh | lan bocah-bocah ingwang | suranata lan pinilih | padha kêlar nanging gilir saonjotan ||

6. yèn esuk wong suranata | sabêdhug kaping pat gilir | apilih nampani padha | iya kaping papat gilir | dene ta sira iki | mênthêng-mênthêng pêthèk ingsun | tan antuk rong pêmbalang | jaranmu rêbah ngêmasi | durung olèh cahyaning prajurit nyata ||

7. maksih prajurit agaran | pinêksa wêtuning gêni | Sri Bupati Kabanaran | sawêg puniku dènnya ngling | kula kasêlak tangi | sampune kalangkung ngungun | punapa ta maksiha | wontên jayane ing wuri | kula priksa warta nagari Samarang ||

8. yèn ing Batawi tamian | kapal salawe kang prapti | nyèwu isine kang kapal | prajurite bêcik-bêcik | mring punggawa tinuding | dutanira Sang Rajèng Rum | pan kinèn amariksa | rusake ing tanah Jawi | duk nujoni idlèr nuju baris Kuyang ||

9. petor bêsar ing Samarang | dutèng Rum kang dèn takoni | paduka akêkirima | layang marang Mangkubumi | punika tyase bêcik | kapindho anaking ratu |

--- 15 ---

dhêdhapure sambada | bagus tur prawirèng jurit | tuwan kukup mumpung mêntas karusakan ||

10. kawon prang lawan kang putra | nuntên inggih dèn kintuni | ngêcêk angajak panggihan | aja nuli ngajak pikir | nora sah ing prakawis | lamun durung atêtêmu | nanging panjaluk ingwang | aja Si Idlir Samawis | singa-singa wakile gurnadur jendral ||

11. Hondhorop sun tampik pisan | akèh cidrane mring mami | lawan satruningsun lawas | sun aprang sapuluh warsi | Si Ôndur mungsuh mami | akèh Kumpêni kang lampus | aprang gênti kasoran | mayore kathah kang mati | ing samangke akèh los maring Walônda ||

12. wontên pangaji salêksa | dandanan kaprabon jurit | miwah kang warni busana | pitung gotongan kang prapti | sangkêlat warni-warni | lan reyale pitung èwu | pangeran angandika | undhangna sun budhal aglis | ing sêdhênge payo padha pinrih sirna ||

13. alah iya gôndra pira | kiyai jêr misih kêdhik | rinusak kang misih agal | durung akumpul wongnèki | lah payo dèn têmêni | kyai pasthi yèn kacakup | sigra têngara budhal | saking Barija kinêrig | wadyanira gumuruh kadya hèr nawa ||

14. angetan baris lampahnya | nuntên angalèr mrêpêki | baris kèndêl Walandanan | nimbali môncanagari | badhe angantêp jurit | amarêk ing marasêpuh | bubar mring Butuh Kuyang | anabrang kilèn banawi | kawuwusa

--- 16 ---

kang abaris Kalangrambat ||

15. Sri Bupati Kabanaran | sampun amiyarsa warti | lamun mêngsah agêng prapta | nêdya anadhahi jurit | nanging Tuwan Sèh Brahim | asangêt pitungkasipun | yèn ana mungsuh prapta | aja kongsi nglawan jurit | ngimanakên sayêkti wawêlingira ||

16. dadya balanira rênca | pinara tiga kang abdi | sakawan ingkang sarira | Dipati Suryanagari | kang jaga galibêdi | tanah Garoboganipun | sarwi têtindhih putra | nênggih Pangeran Ngabèi | Rôngga Wirasantika jaga ibêran ||

17. Pangran Dipati Bintara | myang putra Pangran Ngabèi | Anom punika kanthinya | nanging bêndhe paran sami | Anom Pangran Dipati | marang Jipang mring Madiun | Pangeran ing Bintara | sêdyane marang ing Tubin | Sri Bupati Kabanaran wus uninga ||

18. yèn kang rayi sèdhèng tingal | sinamun dipun sasabi | ngandikèng Suryanagara | hèh yayi dèn ngati-ati | sira sun tuduh adhi | apa duga karsaningsun | ing tanah Garobogan | ana ingkang ngrêribêdi | sêntanamu yayi Dipati Bintara ||

19. matur Dyan Suryanagara | sampun tuwan walanggalih | prakawis rayi paduka | angob awonipun malih | botên kapok tyasnèki | yèn tan pêdhot êntutipun | nisthakakên ing jagat | yèn tuwan mangke nglilani | bangkenipun najis anèng tanah Jawa ||

20. lamun aja mangkonoa | sira ingsun gawa yayi | pan arsa angudi papan |

--- 17 ---

arsa anjog maring Pêngging | banjur Madiun malih | Pamasaran Wukirkidul | arsa anjampangana | Kumpêni anèng Matawis | angyêktèni têmêne Idlèr Samarang ||

21. bêbantu marang Mataram | rumêksa mring awak mami | datan anggawa wong kathah | mung suranata pinilih | lawan nirbaya nênggih | nyangkraknyana martalulut | wau ta sri narendra | budhal mangilèn pribadi | kang andhèrèk Pangeran Natakusuma ||

22. lan Pangeran Pakuningrat | Tumênggung Dipadirjèki | lan Tumênggung Alap-alap | kèndêl majêng nanging latri | mèh kasamaran wêngi | sore mirsa Carawangsul | Pangran Mangkunagara | mung êlêt wana sakêlir | katambahan pra wadya Mangkunagaran ||

23. nulya barise Mas Rôngga | kinèn uluk-uluk sami | rontaka muni ping tiga | wruh lamun kang duwe baris | kang rama sri bupati | badhe nadhahi prang besuk | sadalu abusêkan | wus anarka mungsuh prapti | ingkang rama kang badhe ngantêp yudanya ||

24. dalu ing pukul sawêlas | budhale sri narapati | angilèn pangarsanira | Tumênggung Dipadirjèki | Mas Rôngga ingkang kering | enjing dènira anambur | miwah Suryanagara | budhale ngalèr aririh | Rôngga ngetan prasami rèrèh kewala ||

25. pangajêng Mangkunagara | enjing prasamyatur pêksi | yèn dêdamêl agêng prapta | budhal lampahipun malih | ngalèr sapalihnèki | kang ngetan sapalihipun | nanging agêng kang ngetan |

--- 18 ---

opyak kang ngetan sang aji | sigra budhal Pangeran Mangkunagara ||

26. kang ngungsir untap-untapan | opyak kang ngetan sang aji | pasthi iku sri narendra | tan kèndêl angetan sami | mêlak tan ana wani | manawa jarag ing laku | ayêm amrih tinunjang | masang gêlaring ajurit | mila sami tata mungsuh ngarah-arah ||

27. tinurut saparanira | mèh prapta rencang ingungsir | angili mangalèr samya | praptèng Sela pan ingungsir | wau lampahirèki | Natèng Banaran sadalu | enjing praptèng Cêpaga | lajêng angidul sang aji | masanggrahan anèng dhusun ing Wiyagang ||

28. punggawa pangarsanira | Tumênggung Dipadirjèki | sampun wontên ing Pepedan | tuwin Alap-alap sami | wau ta ingkang prapti | sawadya sêdya cumundhuk | Tumênggung Wiranata | Alap-alap kang angirid | gangsal atus prajurite kang turôngga ||

29. tinimbalan nèng Wiyagang | kadangipun kang kêkalih | satunggal Suradipraja | Surawijaya satunggil | anake kang satunggil | anama Surajayèku | sami binêkta seba | kadange ingkang satunggil | kang anama Tumênggung Kartanagara ||

30. kang maksih tumut pangeran | Mangkunagara Bupati | ingkang kinarya pangarsa | kadange Wiranatèki | kang binakta sumiwi | wau pun Wiranatèku | umangsah ngaras pada | sakadang sutane sami | sami raup ing suku sri naranata ||

31. wus têguh pitundhukira | Tumênggung Wiranatèki |

--- 19 ---

ingalih jêjulukira | dènira sri narapati | sakadang sutanèki | ingalih jêjulukipun | Tumênggung Wiranata | pinaringan namanèki | bêbisikan Tumênggung Kurdhanagara ||

32. Suradipraja ingaran | pun Prawiradiprajèki | Surawijaya ingaran | pun Prawiradigdayèki | Surajaya sutèki | Prawiradipuranipun | lajêng dadoskên rêmbag | Kurdhanagara turnèki | kang sinuwun pinarêka ing Pepedan ||

33. singa ingkang kinarsakna | sakanan keringing wukir | kawon nuntên angetana | lèrèh Sêmbuyan ing wukir | miwah angalèrnèki | Tandhês sa-Matesihipun | pun Adhi Alap-alap | pun anak Dipadirjèki | Pamasaran lajêng Gunungkidul pisan ||

34. nuntên Radyan Jayèngrana | nambungi inggih kadugi | Gunungkidul lampahana | Tumênggung Lap-alap angling | rêrês anggèr kadugi | kula kang kilèn puniku | Wêdhi sapangalèrnya | Gondhang Puluhwatu sami | sapangetan pun Adhi Mas Dipadirja ||

35. wus dadya ingkang pirêmbag | abudhal sri narapati | sapraptanira Pepedan | angidul angetan kêdhik | masanggrahan ing Bèji | sagung punggawa panganjur | pamit anguswa pada | nuwun pangèstu lumaris | pan sadaya pan sami ngêlar jajahan ||

149. Dhandhanggula

1. kang angidul kang angetan sami | kang angilèn sampun budhal samya | tan kari saprajurite | kunêng ingkang winuwus | ingkang baris ing ardi Gamping | Sakèbêr dutanira | praptane wus katur | surat marang sri

--- 20 ---

narendra | atur tabe punapa tuwan amanggih | kuwatir ing lêlampah ||

2. yèn kuwatir kawula ngaturi | nênggih bêbantu prajurit sabrang | kawan dasa dragundêre | Islame kalih atus | kula inggih sampun atampi | parentah rumêksaa | ing tuwan pukulun | mênawi Mangkunagara | amangsuli anggitik ing padukaji | tuwan nuntên enggala ||

3. animbali iku enggal prapti | saha bala têlas aturira | kintun pistul sarakite | satunggal sanjata lus | sri narendra sigra ngangsuli | akêkintun turôngga | nyatunggil puniku | pan kêkalih mayorira | Mayor Pèbêr puniku kang senapati | mayor bantu satunggal ||

4. Mayor Istimolor bantunèki | wontên malih bêbantu kang prapta | abisikan Kapitan Bèl | sèkêt dragundêripun | lan suwidak jalane kaki | satus Kumpêni Islam | gangsal pra tumênggung | kêkalih Tumênggung Têgal | ing Pamalang Barêbês Jagasurèki | wus sami nèng Mataram ||

5. ing Bagêlèn ingkang anggêntèni | dragundêrira mung tigang dasa | têtindhih Kapitan Markèt | lan jalan kakinipun | kawan dasa dragundêr kèri | satus Kumpêni Islam | ngandêlkên puniku | Ki Tumênggung Arungbinang | suratira Sunan Kabanaran prapti | gunung Gamping tinampan ||

6. mring Sakèbêr tinupiksa aglis | wusnya tabe sira kirim surat | Sakèbêr maring ngong mangke | luwih tarimaningsun | sira kirim pistul [pistu...]

--- 21 ---

[...l] mring mami | lawan siji sênapan | iya luwih alus | lan sira tômpa parentah | ing Kumpêni ambantoni laku mami | sun durung arsa aprang ||

7. ingsun iki lagi angoncati | sikarane Si Mangkunagara | marma ngong marene kiye | nanging ta iya besuk | lamun mungsuh sêdya nêkani | marang sariraningwang | sikara ginêmpur | lah iku ingsun kongkonan | mring Sakèbêr iya dhèwèke sun panggil | titi tamat kang surat ||

8. nulya ingkang samya pacak baris | wadya Kumpêni sinung pawarta | Susunan Mangkubumine | tulus badhamènipun | nênggih ingkang winuwus malih | kang samya ngêlar-êlar | ing jajahanipun | Tumênggung Karyanagara | kang angetan arame dènira jurit | anèng tanah Sêmbuyan ||

9. Wukirkidul ing puniku radin | nanging marga wong urut Masaran | ambegali pakaryane | kang seba sami nungkul | marang prabu kang anèng Bèji | anggondhèl binegalan | durung kongsi tutug | sang nata kalangkung duka | sigra têdhak sawadyabalanirèki | marang ing Pamasaran ||

10. dipun bêskup samya dèn cêkêli | kang kacandhak tiyang kalih dasa | samya binandanan kabèh | kang gagal dèn bêbujung | saênggone kacandhak mati | wong ala sami giras | kawus dèn wus-uwus | saênggon ngungsi dèn jarah | kang kanggonan wadya sami dèn cêkêli | ajrih rumêksèng badan ||

11. dadya wau nata animbali | bêbêkêl desa ingkang santosa | anjagani [a...]

--- 22 ---

[...njagani] ing mungsuhe | Singayuda ranipun | ing Malambang sagah jagani | berat gêntho lan bangsat | pinaringan sampun | sanjata byonèt sadasa | obat mimis akathah dipun paringi | sang nata sigra budhal ||

12. lajêng têdhak wau dhatêng wukir | praptèng têlêng nulya masanggrahan | nimbali Jayèngranane | ngirid kang sami nungkul | wontên satus para Patinggi | sang nata angandika | akèh kang wus nungkul | sira kang karya pituwa | kang ngayumi sadaya wong wukir iki | nuli sira tinggala ||

13. Jayèngrana umatur wotsari | yèn upami nuntên katilara | owêl têmên ing trêsnane | kang abdi Wukirkidul | inggih kula purun nêtêpi | nadyan paduka têbah | ing riki pakantuk | upami mêngsah dhatênga | kula inggih rêriwuk saking ing wukir | amrih lindhunging yuda ||

14. ya ta kèndêl wau sri bupati | pamêksane Arya Jayèngrana | tinurut sukane tyase | sang nata tigang dalu | anèng Têlêng gya têdhak malih | wangsul ing pasanggrahan | Bèji kalih dalu | lajêng angetan sang nata | mring Tangkisan jampangi lakunirèki | kang sami nglar jajahan ||

15. Ki Tumênggung Kurdhanagarèki | nèng Sêmbuyan rame dènira prang | Jaindra Mantri mungsuhe | punika kang akukuh | anarubkên têtiyang bumi | barise wong Sêmbuyan | prasamya angumpul | Tumênggung Kurdhanagara | duk miyarsa sang nata prapta nèng wuri | nunjang panêmpuhira ||

16. wong Sêmbuyan wus angidak [angida...]

--- 23 ---

[...k] wani | Ki Jaindra dhadhal barisira | mring Pacitan palayune | wau ta sang aprabu | wangsul ngilèn sawadyanèki | nèng dhusun Sidakarsa | pasanggrahanipun | kunêng wau kawuwusa | Pangran Mangkunagara sawadyanèki | ambêbujung Mas Rôngga ||

17. kang tinarka kang rama sang aji | nênggih namung Mas Rôngga kewala | tinut saparan-parane | jêjêmlungan puniku | wukir Kêndhêng ing sabên ari | malah wus praptèng Rancang | gone ratu ibu | miwah ingkang para garwa | ngungsi dhatêng Sêsela langkung prihatin | pakuwonipun Rancang ||

18. sampun têlas pan dipun bêsmèni | mring Pangeran Amangkunagara | maju angetan lampahe | ing Ngawi lampahipun | sami sayah praptanirèki | Ngawi miyarsa warta | yèn rama sang prabu | baris anèng Sidakarsa | narubakên wong tanah Pajang sumiwi | nèng dhusun Sidakarsa ||

19. kang binujung salaminirèki | apan amung Mas Rôngga kewala | pangeran langkung runtike | nanging ta kèndêlipun | nata wadya môncanagari | akathah balik samya | mring kang rama wau | mila kathah tinanêman | kunêng wau nênggih Tuwan Sèh Ibrahim | kang wontên Batawiah ||

105. Sarib Bêsar pêpanggihan kalihan Sunan Kabanaran

20. ing bicara sampun dèn rampungi | lagya nganti gangsal dina êngkas | Dêlèr Ondur pamocote | badhe palêkatipun |

--- 24 ---

wus kinarya dadi rumiyin | pan Tuwan Sarib Bêsar | apan sinungan wruh | palêkat Natèng Banaran | adêgira winangun Kumpêni malih | badhe anama sultan ||

21. akêkitha nèng tanah Matawis | sasukane kang akarya praja | marang Mataram bumine | wus lêga manahipun | duk miyarsa Tuwan Ibrahim | jendral parentahira | Tuwan Sèh puniku | nuntên panggiha piyambak | inggih lawan putra Tuwan Mangkubumi | sampun sumêlang karsa ||

22. Idlèr Hondhorop wus dèn timbali | wus pinêcat saking lungguhira | dadya idlèr Samarange | dene gêgêntinipun | Sèkrêtaris Nikolas Harting | gêdhe dhuwur tan pakra | muka bitha-bithu | kriyip-kriyip netranira | ting panjêlut lêmpitan wadhukirèki | agêdhe anglêmparah ||

23. pamuwuse wong kang nêningali | iki babi ginêntenan buta | buta Terong upamane | Idlèr Hondhorop sampun | dhinawuhan pêcatirèki | nanging idlèr pan arsa | iya atêtêmu | lawan Tuwan Sarib Bêsar | nitipakên ing Surakarta sang aji | sampun nganti kaponthal ||

24. anauri Tuwan Sèh Ibrahim | ya pagene kongsia kaponthal | pan ingsun wus dongakake | maring Hyang Mahaluhur | ing têtêpe karatonnèki | saparo tanah Jawa | duk ingsun karuhun | anèng nagri Surakarta | tuwan idlèr samana asrêp ing galih | myarsa andikanira ||

25. nênggih wau

--- 25 ---

Tuwan Sèh Ibrahim | sampun mancal saking Batawiah | Nikolas Harting sarênge | Tuwan Sarib nèng laut | tunggal lawan Nikolas Harting | ing laut tan winarna | wau lampahipun | wontên nagari Samarang | wus pinêpak anèng nagari pasisir | upsir lan pra dipatya ||

26. maos palkat misuwur ing bumi | lamun Nikolas Harting kang dadya | lungguh Idlèr Samarange | miwah pangwasanipun | saidêre pasisir Jawi | mêngkono panêmbahan | ing Madura rawuh | sagung pasisir bang wetan | sami dhatêng wus samya dèn mupakati | lire ing tanah Jawa ||

27. badhe wontên ratune kêkalih | samya ngungun sagung pra dipatya | kayaparan ing dadine | sagung kang pra tumênggung | ingkang samya apacak baris | Kêdhu Pagêlèn prapta | tinimbalan wau | Ki Tumênggung Arungbinang | ing Pagêlèn ing Mataram Rajaniti | ing Kêdhu Mangkuyuda ||

28. sampun sinung paparentah sami | jinarwanan nagari ing Jawa | sèstu yèn roro suryane | Mangkuyuda puniku | pan angrangkêp bupati kalih | ing Pajang tandurana | lah iya anakmu | nuli padha bantokêna | mring Mataram hèh Arungbinang sirèki | iya wong numbakanyar ||

29. ya anakmu gawenên bupati | numbakanyar nuli bantokêna | mring Mataram samantrine | Mangkubumi puniku | iya padha rêksanên wèsthi | mêngko nèng tanah Pajang | manawa ginêpuk | ya marang Mangkunagara | bok katiwasan [katiwasa...]

--- 26 ---

[...n] anèng madyaning jurit | yèn nora barêng sira ||

30. sira padha anêmu bilai | Mangkubumi apan sasêngkêran | duta ing Rum pamilihe | dadi sisihanipun | tanah Jawa ratu kêkalih | Mangkubumi tiwasa | sajroning prang pupuh | yèn tiwas durung pinacak | ing pêparon sida ajur tanah Jawi | karana nora ana ||

31. pra kusuma ing satanah Jawi | nora ana kang dadi dandanan | tan patut lawan kartane | yèn iku dadi ratu | pangadêge saking Kumpêni | yêkti bisa angrata | ing tanah Jawèku | akanthi Kumpêni aprang | Mangkubumi sêtya tuhu ambêknèki | pra dipati sandika ||

32. ing bumi sampun dèn pêpacêki | mantunipun Kyai Mangkuyuda | Cakranagara namane | sinung nama tumênggung | Ki Tumênggung Natayudèki | Pagêlèn numbakanyar | pinacêkan sampun | pulunane Arungbinang | nênggih Surawijaya namanirèki | Tumênggung Jayadirga ||

33. sampun sami pamit pra bupati | ing Pagêlèn Kêdhu lan Mataram | sinangon obat mimise | miwah inumanipun | lampahira kang pra dipati | sapraptane wus samya | siyaga ambantu | mring ardi Gamping Mataram | langkung agêng gêgaman ingkang anunggil | wukir Apu Mataram ||

34. Parambanan binantonan malih | dragundêre pun Kapitan Sungrat | satus Kumpêni Islame | wau ta kang winuwus | Pangran Mangkunagara inggih | saking môncanagara | ing lampah kasusu | naming Madiun [Madi...]

--- 27 ---

[...un] kewala | saliyane dèrèng arame prang sami | Kaduwang Pranaraga ||

35. sapraptane wau Sukawati | datan antuk wong cilik sêsaba | wong desane nekad kabèh | rina wêngi angamuk | baris agêng dèn riwuk sami | Pangran Mangkunagara | wus lajêng angidul | praptèng Suruh Pakuthungan | pangarsane wus rame campuh ing jurit | lawan Kurdhanagara ||

36. Kurdhanagara dutane prapti | tur uninga ing gusti sang nata | lamun kang putra praptane | kang abdi sampun campuh | nênggih lawan pangajêng jurit | Tumênggung Alap-alap | lan Dipadirjèku | binantokakên sadaya | anèng Tambakbaya dènnya tata baris | lawan Kurdhanagara ||

37. sri narendra gunêm lan kang abdi | sami purun anadhahi ing prang | Pangran Mangkunagarane | sagung bupatinipun | kadya condhong tyasira aji | rêmpêg kang para wadya | mung satunggal muwus | Ki Muhyadin Suranata | inggih paran punapa botên ginalih | kang wêling Sarib Bêsar ||

38. lan Sakèbêr badhe ambantoni | kang sinuhun durung arsa aprang | yèn ngarsakakên yudane | manggil Sakèbêripun | sru gumujêng sri narapati | pan ingsun tan kèlingan | yèn winêkas ingsun | pitungkase Sarib Bêsar | nora bêcik binandhanga jalajati | trah Sayid tur ngulama ||

39. Dhimas Natakusuma dèn aglis | timbalana bupati pangarsa | sigra lumampah dutane | ing Tambakbaya rawuh | sampun kerid kang pra dipati |

--- 28 ---

nanging tatilar bala | têngga barisipun | Tumênggung Kurdhanagara | Dipadirja lan Prawiradigdayèki | tuwin pun Alap-alap ||

40. sampun munggèng ing ngarsa narpati | angandika wau sri narendra | mungsuh anèng ngêndi gone | kang dinangu wotsantun | putra dalêm Sêdhah gènnèki | pangajêngipun samya | lan kawula campuh | sang nata malih ngandika | kayaparan bêcike ing laku iki | matur Kurdhanagara ||

41. lamun karsa dalêm anadhahi | pan saèwêd papan tan sakeca | kanan kering kèh êmbêle | ing papan tan pakantuk | lawan abdi dalêm sakêdhik | lamun karsa paduka | suwawi pukulun | ingingsêrana sakêdhap | abdi dalêm kathah pisah pra bupati | rèhning karya narendra ||

42. tan sakeca wondene kang abdi | tanglêd rèrès prang riwuk kewala | darapon antuka rèrèh | lampah dalêm pukulun | sri narendra maksih siniwi | wontên caraka prapta | kalih sarêngipun | dutane Suryanagara | lan dutane Mas Rôngga kang sami prapti | samya ngaturkên surat ||

43. bêbukanira atur upêksi | nênggih pun Rôngga Wirasantika | nênggih ing Rancange mangke | brastha sangêt katunu | dipun risak sangêt sayêkti | dening kang para garwa | tuwin kangjêng ratu | nênggih ibu padukèndra | pan sadaya kula prênahakên nênggih | wontên nagri Sêsela ||

44. mêngsah agêng kula dèn tut wingking | nuntên kula gèbègakên ngetan |

--- 29 ---

kang winastanan samangke | gih paduka pukulun | kaping tiga kula tadhahi | ngamuk prangipun taha | pangajênge kawur | ingkang pêjah kalih dasa | ngaturakên bandhangan kalawan karbin | kalih supit bandera ||

45. langkung suka miyarsa sang aji | nulya surate Suryanagara | atur uninga wiyose | yèn ingkang rayi wau | Adipati Bintara nênggih | nênggih kêdah abawa | Tuban kang ginêpuk | pêpatihe Wilatikta | ing parentah dalêm tan dipun lampahi | gitik môncanagara ||

46. mung sakêdhap ngalèpèk abali | nagri Tuban kang arsa ginêcak | nging parentah tan dèn angge | sang nata langkung rêngu | paparentah kinèn ngukuhi | nagari Garobogan | ginawaa lawung | dhasare wong kudu meda | wus thukule atine kang nora bêcik | sun jabêl duwèkingwang ||

47. iya duta karone dèn bêcik | sira matura ing lurahira | mung tarimaningsun bae | lawan pandonganingsun | sagung ingkang bandhangan iki | sun paringakên iya | ingkang padha antuk | karo cara katur sêmbah | sami mêsat wontên duta prapta malih | kalih mantri Samarang ||

48. ngaturakên surat awotsari | wus tinampan wau suratira | yèn ingkang Rama Tuwan Sèh | saking Batawi rawuh | idlèripun Hondhur wus salin | Sèkrêtaris Nikolas | Harting kang tinandur | sarêng lawan rama tuwan | praptanipun anèng nagari Samawis | rampung sagung bicara ||

--- 30 ---

49. rama tuwan nuntên arsa panggih | sasampune panggih rama tuwan | anuntên idlèr panggihe | gugup tyasnya sang prabu | angundhangi têngara aglis | pra dipati pangarsa | samya kinèn kantun | kasupèn yèn Jayèngrana | budhalira sarêng sadina sang aji | saking ing Sidakarsa ||

50. nèng Talawong kèndêl madya ratri | enjing budhal angalèr sang nata | dhusun ing Sima kèndêle | parentah sang aprabu | akaryaa pakuwon aglis | anèng tanah Gagatan | nênggih kidulipun | Sêmawe dhusun watêsnya | pasanggrahan rakite wus pinaryogi | masjid kilèn pandhapa ||

51. padasane sinung kanan kering | talundhage balabag awiyar | masjide rêngrêng sêmune | sang nata sigra laju | ing Sêmawe praptanirèki | punggawa saking wetan | duk miyarsanipun | Mas Rôngga Wirasantika | lan Dipati Suryanagara miyarsi | sarêng dènira seba ||

52. nulya wontên surat ingkang prapti | saking Idlèr Harting tur uninga | yèn ingkang Rama Tuwan Sèh | budhal ing lampahipun | wingi saking nagri Samawis | amung mantri sakawan | dhèrèk lampahipun | tan purun akathah-kathah | marginipun menggok dhatêng tanah Tingkir | puniku ngidul ngetan ||

53. aparentah wau sri bupati | ingkang kinèn amêthuk ing marga | Radyan Suryanagarane | lawan sira Tumênggung | Brajadênta lan Brajamusthi | Tumênggung Sindusastra | kang samya tinuduh |

--- 31 ---

prapta kilèn lèpèn nulya | rantab-rantab katingalan kang lumaris | yèn Tuwan Sarib Bêsar ||

54. sami mêdhun saking ing turanggi | kuda andhèr anèng pinggir marga | Suryanagara nulya ge | utusanira wangsul | tur uninga yèn sampun prapti | kang Rama Sarib Bêsar | gugup sang aprabu | kang wadya badhe pinêpak | badhe kurmat sakapraboning ajurit | aglar nèng ara-ara ||

55. baris gênggêng lir pawaka agni | pantês kori ngapit-apit marga | sang nata busana age | prajuritan rinasuk | mojah wungu asarung kaki | mojah lawar kewala | tan ngangge sêpatu | baludru cêmêng rasukan | lancingane baludru wungu mathinthing | asongkok ginarudha ||

56. dhuwung ngagêm kalih cara Bali | sêmune kadya Sêtyaki brônta | rupa rikat wiragane | dupi katingal tandhu | kang saruni munya lik-galik | sang nata sigra-sigra | malajêngi tandhu | astane kang kanan nyandhak | ing pikulan lah mara munggaha aglis | pandhapa pasanggrahan ||

57. Tuwan Sarib duk mulat tanyaris | iku sapa baguse sarigak | Wirasari tur sêmbahe | gih punika pukulun | putra Tuwan Amangkubumi | Jêng Tuwan Sarib Bêsar | langkung dènnya ngungun | kadi anênggak kang waspa | iki si wong cakute amêrak ati | dhokoh srêgêp prayoga ||

58. iya bênêr kang padha amuji | bagus wiraga sêmbada krama | dupi prapta pandhapane | ingaturan tumurun | angrêpèpèh angrangkul wêntis | mrênahakên pinarak | sawusnya lumungsur | mèh kêdhik [kêdhi...]

--- 32 ---

[...k] ing siti sila | gya cinandhak angling Tuwan Sèh Ibrahim | dhuh babo sutaningwang ||

59. iya dene noraga tan sipi | babo-babo arêp apranata | sigra tinarik astane | payo satata lungguh | nadyan anom sira narpati | pun bapa nadyan tuwa | jêr adudu ratu | maksih akagok pinêksa | pra dipati sadaya barêbês mili | mulat ing gustinira ||

60. dene bisa noraga mlasasih | Tuwan Sarib Bêsar nênggak waspa | tinarik maksih ngrêpèpèh | sèdhêt pandhêkunipun | malah dangu angarih-arih | purun linggih satata | nging sangêt andhêku | Tuwan Sèh Ibrahim tanya | anak ingsun êndi ingkang pra dipati | kene padha majua ||

61. sri bupati sigra anambungi | Dhimas Natakusuma dèn enggal | kancamu iridên kabèh | angabêktia gupuh | Pangran Natakusuma aglis | nulya anguswa pada | gantya pra tumênggung | anulya putra santana | wus dinangu kang putra-putranirèki | cacah katur sadaya ||

62. êram maca angudubilahi | gèdhèg-gèdhèg Tuwan Sarib Bêsar | yèn mêngsahipun mantune | tur kaponakanipun | Tuwan Sarib Bêsar lingnyaris | iya môngsa tulusa | wong mangkono iku | lagi pênglulu kewala | anak ingsun sokura titahing Widi | rêna dening narima ||

63. matur dhêku sarwi matur aris | kula botên kêkêlir ing tuwan | kula sor prang saking dene | nênggih manah têkabur | nênggih kêni dhêndhaning Widi | dene

--- 33 ---

mungsuh lan bocah | Tuwan Sèh gumuyu | rame dènnya mrih rampingnya | nulya wau kinanthi angiwa nuli | sami ijèn kewala ||

64. wismèng wuri gung pinêngkul sami | ingkang putra langkung asihira | kang rama manjing trêsnane | katawis tingkahipun | rahaping tyas tan ana wigih | wau ta linairan | angsal-angsalipun | duk saking ing Batawiah | sutèng ulun duk ingsun praptèng Batawi | anggawa suratira ||

65. jendral lawan para rad pan Indi | maca surat duk pratelanira | wiwit ing aprang purwane | Kumpêni salahipun | dudu awit ing sira iki | sira kinaniaya | kang padha angrungu | jendrale ulate pucat | para dêlèr acum-acum dèn tingali | padha ngrêpa maring wang ||

66. saking luhur bicaranirèki | nora bisa ngidaki prakara | sêmune kêtèkèng-tèkèng | bok ingsun anênutuh | padha maras pating karêmpis | nuli enggal pinêcat | iya Si Hondhorup | dene iki sutaningwang | idlèr iki kang anyar iya sayêkti | amrih katon ing karya ||

67. lawan ana prakara sayêkti | mangowahana ingkang pranata | ingkang wus kawijilake | prakara kang wus putus | ing karatonira sapalih | sira namaa sultan | ing karatonipun | iya tanah ing Mataram | sira ingkang nama Sultan ing Matawis | dene pulunanira ||

68. Sang Aprabu ing Surakartèki | anamaa Susunan ing Pajang | putus ingkang bicarane | dhuh babo

--- 34 ---

sutèng ulun | narimaa padaning Widi | kang putra aturira | sumanggèng pukulun | yèn sarta pangèstu tuwan | inggih darmi sampun sing mungguh sapalih | sanajan sapratigan ||

69. asal sami têmên-têmên ugi | pan kawula ajrih ing duraka | nagri kalantur rusake | sigra Tuwan Sèh ngrangkul | ya mangkana dhuh sutèng mami | wêdia ing duraka | pikir kang satuhu | pun bapa kaki wus tega | iya sira wus eling sutèng narpati | nora mrih siya-siya ||

70. ratu iku pan atining bumi | basa ati ratunira badan | rusake badan sangkane | pan saking atinipun | pan mangkana rusaking bumi | saking ratu kang karya | rusak badanipun | yèn sira jrih ing duraka | eling lamun kinarya wakil Hyang Widi | kang putra aturira ||

71. mugi-mugi manggiha sayêkti | inggih saèstu supangat tuwan | ing donya myang akerate | langkung lêga tyasipun | ingkang putra pikir gumlindhing | nora ngèl nora wangkal | ya dhasar rahayu | nulya sami salat ngasar | marang langgar kang putra sami angampil | pêdhange ingkang rama ||

72. pan sadhêpa pêdhang Rum sayêkti | sarwi ngandika mring pra dipatya- | di ana pêdhang samene | ngandika sarwi guguk | pêdhang usar jipat lan iki | Tuwan Bapak ing kana | prajurit satuhu | katara rupa ing tingkah | gung aluhur rowa rikat mêmêdèni | Tuwan Sèh sampun minggah ||

73. wangsul cucul sakêdhap sang aji | nyamping lonthang kasmaran bathik bang | takwa gandhul rasukane | bathokan [ba...]

--- 35 ---

[...thokan] kuplukipun | pan baludru ijo binlênggi | sigra minggah ing langgar | sampun toya wulu | wus lajêng adan priyôngga | wadya suranata lan para dipati | samya nusul sadaya ||

74. ingkang putra lajêng angurmati | Tuwan Ibrahim kang dadya imanimam. | kang makmum wontên salawe | bakdane salatipun | pan cinandhak pujianèki | donga banjur salaman | dinulu arukun | wusnya têdhak ing pandhapa | pêpundhutan wus aglar lajêng abukti | tuwan kalih kang putra ||

75. ulam masak koja amêpêki | wus angati-ati laminira | Tuwan Sèh badhe praptane | suka adhahar dangu | ingkang putra pijêr ngladèni | angirisakên ulam | awis muluk sêkul | Tuwan Sèh nulya ngandika | sarwi ngawe Suryanagara dèn aglis | ing kene ladènana ||

76. gustinira tan kobêr abukti | nulya katri punggawa kang cêlak | Pangran Natakusumane | Mas Rôngga sami maju | Adipati Suryanagari | kang putra gya ingatag | dhahara dèn cakut | wus dangu dènira dhahar | wusnya nglorod pinaringkên pra dipati | sami nadhah kêmbulan ||

77. tigang dalu Tuwan Sèh Ibrahim | wontên pasanggrahane kang putra | winastan dhusun Sêmawe | pan inggih sabên waktu | Sarib Bêsar ingkang ngimaningimami. | kang adan kang akamat | wau sang aprabu | sampune bakda asalat | salat ngisa pinarak mèh pukul kalih | mêmulang mring kang putra ||

78. ingkang pratingkah

--- 36 ---

madêg narpati | nênggih nistha madya lan utama | ing trape winulangake | kang putra anggung dhêku | ingkang rama Jêng Tuwan Sarib | langkung saking utama | kapandhitan putus | tigang dalu tigang dina | wêwulange saengga lir toya mili | pratingkah para raja ||

79. kang kalakon ratu nguni-uni | kang anêmu bêcik lawan ala | ing tingkah winulangake | ratu kang manggih luhur | miwah ratu ingkang amanggih | asor karatonira | tiwas budinipun | kang amanggih kaluhuran | saking eling kanisthan kang dèn singgahi | bêtah nganggo utama ||

80. kawit madya kang dipun anciki | laku nistha kinipatkên pisan | eling tur kukuh talatèn | tan keguh ing wêwadul | kinèn apik karya bupati | bok kaliru wong ala | bupati wêwadul | angrubuhakên kêkancan | ngilangakên nênggih namaning bupati | mangkana ing utama ||

81. sabên mulang Tuwan Sèh Ibrahim | lamun enjing wiwit wêktu luka | kongsi ing wêktu luhure | tan wontên kèndêlipun | lir pancuring padasan mili | eram kang samya mulat | tuhu pandhitagung | upama yèn kinaryaa | pituture nênggih Tuwan Sèh Ibrahim | pan dadi têlung kitab ||

82. sabên mulang ingkang dèn timbali | Punggawa Pangran Natakusuma | Rôngga Wirasantikane | lan Suryanagarèku | Sindusastra kang anulisi | wus sami lawan layang | Rêngganis têtêlu | lajêng kinarya buk nulya | sawusira patang dina [di...]

--- 37 ---

[...na] patang bêngi | putus kang winicara ||

83. Tuwan Sarib Bêsar nulya pamit | rêrangkulan lawan ingkang putra | kadya ta maksih cuwane | kang putra dèrèng tuwuk | masih kirang pangraosnèki | kang rama datan kêna | ingaturan wau | kèndêla rong dina êngkas | angandika sutèng ulun Mangkubumi | wong anggawa prakara ||

84. nora kêna luwih têlung bêngi | wus lakune jaman ingsun kuna | ing Rum Tarki saurute | myang Jaman Arabipun | ingkang padha tinèki-tèki | ling iya ngarah apa | babo wong abagus | iya gon ingsun pêputra | marang sira donya kerat tan gumingsir | wus nyata putraningwang ||

85. asrêp tyase Sunan Mangkubumi | amiyarsa antêpe kang rama | kang tinuduh ngatêrake | Tuwan Sèh antukipun | Pangran Pakuningrat tinuding | lan abdi suranata | Dul Wakid puniku | lawan kalih kancanira | Radèn Durhan lan Ki Mas Kasuban nênggih | lan Tumênggung Môndraka ||

86. mantri jêro pun Ranadimurti | lawan Ngabèi Ranadilaga | lan ambêkta srat badhene | ingkang dhatêng kumêndur | idlèr anyar Nikolas Harting | lan kuda sakêmbaran | susuh têlung tumbu | dêdêr talêmpak timaha | mung sakawan salawe pêdhèt myang sapi | dhuku kang kalih rêmbat ||

87. lawan salak kalih rêmbat malih | lawan gêgêndhonipun sarêmbat | wus budhal saking Sêmawe | kang putra ngatêr wau | saonjotan wus kinèn bali | wau ta praptanira | kèndêl lampahipun |

--- 38 ---

anèng loji Salatiga | manggih kurmat mariyêm ping sapta muni | enjinge nulya budhal ||

88. ing satêngah ari praptanèki | budhal saking ing Ungaran enjang | urmat mriyêm ping saptane | ing marga tan winuwus | Paterongan praptanirèki | nênggih pukul sawêlas | prapta kang amêthuk | dragundêre kawan dasa | miwah bêkta karetanipun kêkalih | Kapitan Dongkêl nama ||

89. kang amêthuk kornète kêkalih | Sarib Bêsar wus anitih kreta | Pangeran Pakuningrate | minggah karetanipun | banderane binèbèr sami | prajurit jro binêkta | patang lurahipun | martalulut anirbaya | lan wong patranala wong dardhaitèki | turôngga kalih bêlah ||

90. winor lawan wadyane pribadi | kuda satus Pangran Pakuningrat | arame munya tambure | lawan saruninipun | praptanira nagri Samawis | horêg wong sanagara | kang sami dêdulu | dutane natèng Banaran | iya iku santanane sri bupati | Pangeran Pakuningrat ||

91. nanging bagus dutane kang dhingin | iya Dipati Suryanagara | pasagi sêdhêng dêdêge | baranyak sêmu kaduk | awilêtan sêdhêp prak ati | dhasar manis wadana | sasolahe bagus | sanadyan iki pangeran | talonyohên ngêndhukur anèng turanggi | kèthèr kadya wanodya ||

92. mung sadhuwur tênggak ingkang bêcik | iki kaya Panji Aryawôngsa | duk nalika ngê-Jawane |

--- 39 ---

kadya raja lumayu | kang lêlana mring tanah Jawi | bêbala para raja | tan wus wong amuwus | dragundêr kang baris kurmat | wolung dasa satus ingkang jalan kaki | rongatus Kumpêni Slam ||

93. sami baris ngapit-apit margi | pinggir ngalun-alun ing Samarang | wau kareta praptane | Sarib Bêsar karuhun | têdhak saking karetanèki | idlèr amêthuk sigra | tabean angrangkul | samya cêciuman jôngga | nulya Pangran Pakuningrat udhunnèki | anusul Sarib Bêsar ||

94. nulya Tuwan Sarib tuduh aglis | maring dêlèr iku sudaranya | Mangkubumi carakane | Nikolas Harting muwus | nyandhak Pangran Pakuningrating | tabe nulya binêkta | ing kursi alungguh | Dul Wakid kang gendhong layang | sigra katur ing pangeran surat aglis | lajêng idlèr atômpa ||

95. wus winaca kurmat drèl ping katri | mariyêmira ambal-ambalan | kadya ruging prabata grèng | lajêng idlèr amuwus | inggih pangran surat puniki | prakawis pêpanggihan | raka tuwan prabu | anut sakajêng kawula | kula inggih manut ing sakarsanèki | inggih raka sang nata ||

96. lajêng kinèn makuwon rumiyin | pakuwone Dyan Suryanagara | lajêng mêsat sabalane | wuri tinut sêsuguh | duk samana ing pêndhak enjing | ing loji uwus panggya | kalawan gupênur | sadangunira rêrasan | Ki Dul Wakid parikêna dènira ngling | tuwan ing saupama ||

97. lamun tulus karsaning Kumpêni | ngukup [nguku...]

--- 40 ---

[...p] dhatêng saudara tuwan | saparo ing karatone | tanah Jawa puniku | lamun datan nganggo pasisir | tuwan inggih punapa | dadya dhahar ratu | idêlèr macicil nyêntak | hèh Dul Wakid basakêna sira iki | saparo tanah Jawa ||

98. môngsa bodho olèhe angrakit | iya kang dadi dhaharing raja | Ki Dul Wakid lon ature | kula purun umatur | tuwan sampun gusar rumiyin | sayêkti kêkirangan | nênggih dhaharipun | sagung ingkang para raja | lamun tuwan botên ngarsakna amikir | inggih kang dadya dhahar ||

99. idlèr angling kaya pa Dul Wakid | lah kapriye kono aturira | Dul Wakid alon saure | tuwan lamun panuju | angadêgna inggih manawi | wau kang bandar dharat | bok dadya gêgajul | dêlèr dangu kèndêlira | dupi angling lah ta iku Ki Dul Wakid | sun wêdi nglilanana ||

100. dadya awèt rusake kang bumi | Ki Dul Wakid nêsêg ing aturnya | hèh tuwan boya-boyane | yêkti mêtara laku | lamun tuwan botên ngrêmbagi | sayêkti karepotan | para ratu-ratu | witning tuwan makotêna | lamun kêkurangan jênênging narpati | nagara ngêmprak-êmprak ||

101. dadya asarèh Nikolas Harting | yèn mangkana ingsun rêrêmbugan | lan Tuwan Sèh mêngko sore | yèn Tuwan Sèh wus rêmbug | kirim layang marang Batawi | sira angantènana | wasisan ing besuk | Tuwan Pangran Pakuningrat | sampun susah andika badhene [ba...]

--- 41 ---

[...dhene] lami | anèng nagri Samarang ||

102. nulya pamit amakuwon aglis | Ki Dul Wakid Pangran Pakuningrat | kunêng praptèng pakuwone | sontênira gupêrnur | mring pakuwon Jêng Sèh Ibrahim | katur atur uninga | wau kang rinêmbug | Tuwan Sèh rêmbag kewala | sigra idlèr utusan dhatêng Batawi | marang gêdhong kawuntat ||

106. Pangeran Bintara malik tingal, Pangeran Mangkunagara jumênêng nata ajêjuluk Sunan Adiprakosa. Kumpêni sampun mupakat Sunan Kabanaran têtêp ratu senapati mawi sêsêbutan Sultan Akadhaton ing Mataram

150. Pangkur

1. kunêng gantya kang winarna | Pangran Mangkunagara angênginthil | lampahe kang rama wau | nanging datan anyêlak | namung wadya prasamya kinèn anusul | lampahe menggok mangetan | makuwon ing ardi Wijil ||

2. wadyane kang kèri samya | ginêpukan samya risak kang kèri | kinèn mangsuli wadyagung | Tumênggung Alap-alap | Dipadirja arame dènira campuh | Tumênggung Kurdhanagara | anggêpuk saking ing wuri ||

3. arame ubêng-ubêngan | kêkathahên angucira [anguci...]

--- 42 ---

[...ra] ing jurit | dadya Kurdhanagarèku | mangalèr palayunya | marang Baki marang Sala malah tundhuk | Alap-alap Dipadirja | anggalibêd urut Pêngging ||

4. wauta pangeran mirsa | Jayèngrana kantun umadêg baris | nênggih wontên Wukirkidul | anglampahakên sigra | baris agêng apan kêkalih tumênggung | mantri jro têtindhihira | Ngabèi Jayapramuni ||

5. Wukirkidul wus kinggahan | Jayèngrana uwus kesisan dasih | gunême kang pra tumênggung | sae ngipuk kewala | kinasapa pasthi puniku angamuk | akarya rusaking kathah | dadya rêmbag ngarih-arih ||

6. Jayapramuni lumampah | wonge ingkang kathah siningit sami | ing Têlêng panggenanipun | Japramuni praptanya | lêlagaran apan botên ngangge dhuwung | wus panggih sami atata | anggèr kawula tinuding ||

7. dhatêng raka jêngandika | amrih pênêd sampun tyas sônggarunggi | mila nuduh tiyang sêpuh | eca Dyan Jayèngrana | benjing enjing kewala mangke wus dalu | tata samya sêsarean | Radyan Jayèngrana guling ||

8. kapati dènira nendra | Japramuni wonge sinimpên prapti | Jayèngrana wus tinubruk | Jayapramuni ngilang | wis ginodhi nulya mangkat dalu-dalu | sarêng êbyar praptanira | pabarisan ardi Wijil ||

9. lajêng matur ing pangeran | Jayèngrana ingaturakên ngarsi | pangeran ngandikanipun | Kapriye Jayèngrana | apa mati apa urip panjalukmu |

--- 43 ---

matur Radyan Jayèngrana | kula pan têtiyang alit ||

10. amung sêkul sapulukan | saênggène amung anyuwun urip | pangeran duka kalangkung | nyanaku kudu pêjah | liwat ala Jayèngrana pamalêsmu | wong cilik ginawe munggah | sira tinariman putri ||

11. sayêkti dadi kusuma | ing wêwatêk padha kalawan mami | yèn sira anjaluk lampus | ingsun uripi sira | jaluk urip sayêkti sira pun lampus | saksana tinuwêk pêdhang | Jayèngrana wus ngêmasi ||

12. utamanggane tinigas | kinintunkên marang Dêlèr Samawis | nèng Samarang praptanipun | dêlèr nampik tan arsa | apagene sirah winèhkên maring sun | apan sirah iki mêngsah | iki dhase rowang mami ||

13. wadyane Natèng Banaran | sarupane wus dadya kônca mami | gawanên bali dhas iku | punang caraka kewran | nanging idlèr sêmbrana dènira muwus | caraka wus amit mêsat | ing marga datan winarni ||

14. praptane punang caraka | ardi Wijil atur solah tinuding | yèn tinampik lampahipun | sirah kinèn ambêkta | inggih wangsul alah iya sirah iku | têtêp kônca batur ingwang | bêndarane pan wus bêcik ||

15. Susunan ing Kabanaran | wus badhami têtêp lawan Kumpêni | pangeran miyarsa kuwur | batal bêdhaminira | kunêng ingkang baris ardi Wijilipun | wuwusên Idlèr Samarang | dutane saking Batawi ||

16. praptane wus antuk karya | aprakara

--- 44 ---

bandar dharat nuruti | idlèr sigra lampahipun | mring gène Sarib Bêsar | tur uninga yèn jendral parentahipun | aprakara bandar dharat | sakarsane anuruti ||

17. idlèr matur nuntên tuwan | amanggila Pakuningrat mariki | kalawan sakancanipun | Sarib Bêsar saksana | dènnya manggil Pangran Pakuningrat rawuh | binakta sakancanira | mring pakuwon Sèh Ibrahim ||

18. Nikolas Harting wus panggya | Pangran Pakuningrat miwah Dul Wakid | alon dènnya ngling gupêrnur | Dul Wakid aja susah | umatura iya marang ing gustimu | aprakara bandar dharat | marang gurnadur sayêkti ||

19. Tuwan Sarib alon mojar | iya uwis Pakuningrat sirèki | matura ing anak ingsun | yèn wus padhang sadaya | nora ana prakara ingkang barênjul | putus samuanya têrang | patêmon nuli pinikir ||

20. wau Pangran Pakuningrat | sakancane bupati para mantri | ing marga datan winuwus | ing Sêmawe wus prapta | atur surat saking dêlèr angsul-angsul | kalawan pakirim kathah | kang saking Dêlèr Samawis ||

21. wus tinampan tinupiksa | langkung suka wau jêng sri bupati | gantya malih kang winuwus | Pangeran ing Bintara | tulus sèdhèng arêbat ing bawahipun | kabèh bumi Garobogan | Suryanagara ngukuhi ||

22. dadya prang Pangran Bintara | lawan Adipati Suryanagari | arame dènira campuh | wau Pangran Bintara | balanira gêntho

--- 45 ---

bangsat maling kècu | Dipati Suryanagara | sigra dènnyatur udani ||

23. mring Sêmawe lamun aprang | lan kang rayi Pangeran Bintarèki | èstu sèdhèng tingalipun | kula nyuwun parentah | kaping kalih ing aprang kula dèn tukup | sang nata kalangkung duka | Pangran Natakusuma glis ||

24. umatur lamun punika | rayi dalêm kinèndêlna manawi | rubeda bêbancang laku | suwawi tinindakan | sigra bêndhe suwara umyung gumuruh | saking Sêmawe wus budhal | angetan sawadyanèki ||

25. wus utusan sri narendra | asung wikan marang Sang Adipati | Suryanagara yèn prabu | tindak angawaki prang | Adipati Suryanagara ing dalu | mukul angawaki aprang | dhusun ing Rêbo gèn baris ||

26. acampuh ramening yuda | têngah dalu gènnya prang ngantos enjing | nuli byar pangran kaburu | lumajêng ngidul ngetan | dhusun Ngambên Pangran Bintara kapêthuk | lawan dêdamêl kang raka | binujung pating jumpalik ||

27. akèh kang kacandhak pêjah | wadyanira akèh kang kocar-kacir | wus kathah sami akantun | nalêsêp anèng wana | sira Pangran Bintara wus praptèng Warung | kari satus balanira | kèndêl pangrasanirèki ||

28. ingkang raka maksih têbah | lamun dalu pasthi kèndêl sang aji | sawêg cucul kudanipun | ing wanci bakda ngisa | praptanira kang raka lajêng angêpung | gègèr prasamya lumajar | rusak balane kang mati ||

29. anak rabine kabandhang | menggok ngetan [nge...]

--- 46 ---

[...tan] dalu pêtêng lumaris | Suryanagara bêbujung | nanging namar anilap | nora wêruh lamun dèn kinthil puniku | dalu pêtênge kaliwat | kang raka maksih kêkinthil ||

30. kantun sèkêt balanira | praptèng Jipang sarêng byar ingkang wanci | padhusunan Majaranu | prapta Suryanagara | langkung kagèt palayune nusup-nusup | kantun salawe kang wadya | akèh kang kacècèr margi ||

31. mung kantun tiyang sadasa | kèndêl Majaranu sri narapati | bêbujung wus tigang dalu | kalawan patang dina | mila kèndêl sang nata nèng Majaranu | Dipati Suryanagara | misih kinèn akêkinthil ||

32. sampun anjog ing Caruban | binabujung mingêr angetan malih | anèng Pace kèndêlipun | Radèn Suryanagara | ingantosan puruge myang kèndêlipun | manawi dadya anunggal | lan kang Rayi Singasari ||

33. nèng Kadhiri barisira | wus miyarsa Pangeran Singasari | kang raka anêdha pêthuk | kang rayi nuduh wadya | sragênine Kudasêsimping tinuduh | sanjatane tigang dasa | panumbak sèkêt lumaris ||

34. kang rayi pitungkasira | kangmas iku aja kongsi wor mami | mêngko yèn katon kapêthuk | sira drèlên sanjata | Kudasimping lampahira pan kapêthuk | lèr Tukum suka tumingal | marang balane kang rayi ||

35. tan nyana yèn nyandhang wêkas | dupi cêlak sarêng ngarutug bêdhil | palayune biyung-biyung | pagene Singasêkar | makan tuwan sêsambat sarwi lumayu |

--- 47 ---

binujung dupi wus têbah | wangsule Kudasêsimping ||

36. lajêng lumayu mring Japan | nungkul marang Kumpêni Surawèsthi | Suryanagara wus wangsul | waspada ing pawarta | tan winarna marga praptèng Majaranu | katur kang rayi polahnya | arsa ngungsi mring Kadhiri ||

37. rayi dalêm Singasêkar | mêthukakên dêdamêl ambêdhili | binujung sapurugipun | prapta ing Panêrusan | lèring Japan tumut bumi Surèngkewuh | ing mangke rayi paduka | manjing loji Surawèsthi ||

38. sang nata gumujêng suka | Dhimas Singasari lumuh anunggil | dene ta tinggal maring sun | mila lumuh tunggalan | ing katoge atèn-atène puniku | sayêkti lumuh kagawa | jêlèh dènnya ngusap wèni ||

151. Sinom

1. wong Jipang nungkul sadaya | umiring ing sri bupati | saking Majaranu budhal | wangsul mangilèn sang aji | Jipang Tumênggung katri | prajurit turôngga sèwu | praptèng ing Katêguhan | ngalèr tanah Sukawati | wontên mantri pangajêng atur uninga ||

2. kalamun caraka prapta | saking nagari Samawis | Kapitan Tolong dinuta | sang nata sigra ngundhangi | kang kinèn amanggihi | Pangran Natakusumèku | anunggil lampahira | kalih onjotan watawis | praptanira pasanggrahan Kalangrambat ||

3. sang nata amasanggrahan | sadalu enjing tinangkil | dutane Dêlèr Samarang | Pangran Natakusumèki | ngirid lêbêtirèki | Kapitan Tolong tumundhuk | cinandhak astanira | hèh

--- 48 ---

Tolong padha basuki | basakêna sanak lawas têmu anyar ||

4. katur wau suratira | kang saking Dêlèr Samawis | winaos sinuksmèng driya | wus tamat pamaosnèki | sang nata ngandikaris | hèh iki Tolong pan amung | prakara pêpanggihan | idêlèr manut ing mami | nanging idlèr nulia duwe parentah ||

5. ingkang baris ing Mataram | dèn kirabkên ngetan malih | Kumpêni lan pra dipatya | mrêpêki ing gunung Gamping | barise mungsuh nênggih | Si Mangkunagara iku | hèh Tolong kayaparan | sira sun tari pribadi | Si Walônda apa kêna labuhana ||

6. iya padha ujar pisan | manawa na kang duwèni | Kapitan Tolong tur sêmbah | yèn Kumpêni darbe gêndhing | kula gusti labuhi | ingkang angamuk rumuhun | pêjah ing ngarsa tuwan | asêpata kula gusti | dêmidhêmi. Allah lamun botên makatêna ||

7. nanging pangraos kawula | pun Kumpêni sangêt ajrih | nênggih dhatêng rama tuwan | Kangjêng Tuwan Sèh Ibrahim | sayêkti tyase êning | sakalangkung tahanipun | dhatêng rama paduka | Kumpêni pasthi bilahi | yèn cidraa dhatêng Tuwan Sarib Bêsar ||

8. sayêkti manggih dêduka | dhatêng Sultan ing Rum pasthi | môngsa inggih kuwawia | nôngga gêrdakaning jurit | pan pitung puluh kêthi | kathahe prajuritipun | sang nata angandika | Tolong kalamun sirèki | wus kapenak pan ingsun manut ing sira ||

9. wus karya sul-angsul surat | marang Idlèr ing Samawis | Kapitan Tolong [To...]

--- 49 ---

[...long] ginanjar | wangsulan sêrat pinaring | Tolong sigra ngabêkti | nguswa mangusapi lêbu | ing suku dalamakan | mêsat sarewangirèki | pun Kapitan Tolong saking Kalangrambat ||

10. ing wuri apaparentah | wau kangjêng sri bupati | pan akarya pasanggrahan | badhe kinarya manggihi | marang Idlèr Samawis | Padagangan dhusunipun | sakidul kilèn Sela | bumi Garobogan nênggih | nambut karya Dipati Suryanagara ||

11. pasanggrahan pinrayoga | tan lama anambut kardi | rinêggèng kang pasanggrahan | wus budhal sri narapati | kêbut sagung prajurit | tinggal Kalangrambat sampun | praptaning Padagangan | masanggrahan sri bupati | pra dipati para wadya pamondhokan ||

12. kunêng gantya kawuwusa | Kapitan Tolong wus prapti | lampahe nagri Samarang | surat ingaturkên aglis | kang angsul-angsul nênggih | Natèng Kabanaran sampun | winaos têlasira | Idêlèr Nikolas Harting | paparentah Mayor Ubristi dinuta ||

13. kang kinèn angangsêgêna | kang baris ing ardi Gamping | ngetana mring tanah Pajang | yèn besuk sampun anunggil | lan Sunan Mangkubumi | aprakara aprang pupuh | manuta ing parentah | Susunan Amangkubumi | karatone ngiras senapati ing prang ||

14. lan angiras ngadêgêna | Istimolor senapati | Sakèbêr lorod punika | tinimbalan mring Samawis | lawan Petor ing Têgil |

--- 50 ---

Palêk badhene mangidul | jagani ing Toyamas | budhale Mayor Ubristi | gangsal atus barancuh prajuritira ||

15. ing marga tan winursita | lampahe Mayor Ubristi | praptèng Kêdhu baris Sêcang | Tumênggung Mangkuyudèki | wus kinèn kirim tulis | marang Pagêlèn Sêgaluh | barisira Kapitan | Markèt kalawan kinanthi | sakancane Ki Tumênggung Arungbinang ||

16. yèn Mayor Ubrus lumampah | mariksa sagunging baris | margi Sêgaluh punika | badhe lajêng mring Matawis | Kapitan Markèt nênggih | parentah mring Ki Tumênggung | Rungbinang akaryaa | pondhok ingkang badhe prapti | Mayor Ubrus lan Tumênggung Mangkuyuda ||

17. wusnya karya pamondhokan | kang mêthuk priyayi kalih | Markèt lan Kyai Rungbinang | dhusun ing Padhas wus prapti | kapêthuk tabe sami | kapitan myang ki tumênggung | prasamya rêrangkulan | kalihe Mayor Ubristi | saking Padhas lajêng ing Sêgaluh prapta ||

18. kalih dalu paparentah | wau parentah Ubristi | sagung baris dèn prayitna | Kumpêni arsa mêkasi | prang sapisan puniki | arsa nyirnakakên mungsuh | kanthi Natèng Banaran | manawa mungsuh gêndhingi | colat-colot gêlare Mangkunagara ||

19. Ki Tumênggung Arungbinang | kinèn siyaga tumuli | binêkta marang Mataram | tumut angatêr Ubristi | wau budhalirèki | mayor saking ing Sêgaluh | margi saking Mataram | amargi pinggir pasisir | Ki Tumênggung Arungbinang munggèng ngarsa ||

20. Ki Tumênggung Mangkuyuda |

--- 51 ---

ingkang lumampah ing wuri | kadalon nèng Pagarongan | enjinge budhal lumaris | dupi prapta ing Gandhing | Mayor Sakèbêr kapêthuk | Istimolor kalawan | sagung para adipati | pan kumrubut kang sami atêtabean ||

21. sigra lajêng lampahira | sapraptane ngardi Gamping | sawusnya atata lênggah | adhawuh Mayor Ubristi | yèn Sakèbêr ing mangkin | lorod senapatinipun | Istimolor kang dadya | senapatining ajurit | angrèhakên sagung Kumpêni barisan ||

22. ngungun kang samya miyarsa | dene pun Mayor Ubristi | patang dina laminira | anèng baris ardi Gamping | sampun amarentahi | maju mangetan manganjur | marang ing tanah Pajang | ngidul baris ardi Wijil | pasthi mungsuh Pangeran Mangkunagara ||

23. Ki Tumênggung Arungbinang | dika umantuk mariki | kula mulih mring Samarang | dika mring Pagêlèn malih | lawan andika ngalih | baris andika Sêgaluh | muliha mring Ungaran | kula kira botên lami | nuli bali mariki lajêng mangetan ||

24. Mayor Ubrus sigra budhal | saking baris ardi Gamping | Sakèbêr sarêng lampahnya | Tumênggung Mangkuyudèki | ing margi tan winarni | sapraptanira ing Kêdhu | para mantri kewala | ingkang lajêng mring Samawis | Mangkuyuda têngga baris anèng Sêcang ||

25. sapraptanira Samarang | Sakèbêr miwah Ubristi | Sakèbêr kinèn lajênga | pinanggil marang Batawi | wau Idlèr Samawis | siyaga undhang wadyagung |

--- 52 ---

satus dragundêrira | kalih atus jalan kaki | pra dipati Kudus Pathi lawan Dêmak ||

26. kalih atus Kumpêni Slam | mariyêmipun kêkalih | budhal saking ing Samarang | mêdal ing Dêmak nagari | dêdamêl pra dipati | nênêm wontên tigang èwu | nanging kêdhik turôngga | mung kathah dharatirèki | bupati nêm mung sèwu prajuritira ||

27. kunêng kang lagya lumampah | Idêlèr Nikolas Harting | ing ardi Gamping kocapa | Istimolor marentahi | Kapitan Sèl tinuding | ngangsêg ngetan barisipun | marang ing tanah Pajang | môngka panganjuring jurit | binêktanan dragundêre wolung dasa ||

28. jalan kakine suwidak | kalih atus Bugis Bali | tumênggungipun satunggal | Surajênggala Matawis | urunan para mantri | nêmbêlas sadayanipun | dêdamêl kang lumampah | tigang èwu lan kang baris | Parambanan binêkta ngetan Pucungan ||

152. PocungTeks asli: Pucung.

1. ya ta wau agantya ingkang winuwus | kang angeca-eca | kang baris nèng gunung Wijil | wau Pangran Dipati Mangkunagara ||

2. karsanipun amêng-amêng marang Jimbung | punggawa satunggal | kinèn akarya tumuli | pasanggrahan nênggih Suramangunjaya ||

3. tigang dalu karya pasanggrahan Jimbung | sigratur uninga | yèn sampun karyanirèki | Ki Tumênggung nênggih Suramangunjaya ||

4. sigra wau Pangran Mangkunagara wus | budhal saha bala | sagarwa putra tan kari | myang putrane kang mêntas pangantèn anyar || [|...]

--- 53 ---

[...|]

5. Radèn Ayu Sobra iku panggihipun | lan Sumanêgara | kinarya ngarêm-arêmi | bulus Jimbung ing putra pangantèn anyar ||

6. budhalipun kang jaga prajuritipun | kêkalih punggawa | kang tinilar ardi Wijil | Cakrajaya kalawan Kartanagara ||

7. lampahipun Pangran Mangkunagara wus | prapta Sumarêja | pan arsa kèndêl sawêngi | sawêg sami cinuculan kang turôngga ||

8. sami cucul rasukan sadayanipun | jalu myang wanodya | para garwa cucul sami | wadya ura kang sami tata mondhokan ||

9. ingkang kumpul wadya saking rama prabu | wong inggat-inggatan | praptane nèng gunung Wijil | martalulut kalawan wong jagabaya ||

10. nêlung puluh rongpuluh salurahipun | prajurit kaparak | nèng prangan ingalih nami | ginundhulan ingaranan wong nirbaya ||

11. pan puniku kinudang-kudang prangipun | yèn wontêna karya | ingabên prang dharat sami | wis gunane prang dharat wontên kang rama ||

12. pan kasaru wau sira Ki Tumênggung | Suramangunjaya | katunjang baris Kumpêni | binabujung tan kuwawi nadhahana ||

13. sru lumayu nêdya ngungsi gustinipun | anèng Sumarêja | sapraptanè kilèn kali | Sumarêja menggok Suramangunjaya ||

14. kinarutug ingêdrelan wus lumayu | gègèr abusêkan | tan andimpe mungsuh prapti | langkung saking kasusu nambur gumêrah ||

15. sru lumayu wong wadon pating parindhul | tan kobêr rasukan | amire ngetan tumuli | mantri [ma...]

--- 54 ---

[...ntri] jêro wus kinèn alingan desa ||

16. kang ingadu badhenipun kang pinangku | prajurit balikan | saking kang rama sang aji | binantonan ing wuri wong gulang-gulang ||

17. sigra wau prapta bantu Pangran Timur | nèng pangawat kiwa | Kudanawarsa wus prapti | wus amapag pangawat kiwa gènira ||

18. dhadhanipun tan ana ingkang kadulu | wong dharat kalingan | ing galagah sukêt sami | ingkang gêlar satriya sumping kinarya ||

19. lawan mungsuh wus dangu dulu-dinulu | Kapitan Sèl lanas | ajidanira tinuding | lah dêlêngên kaline apa anglela ||

20. sigra maju ajidan mariksa gupuh | angèl kang lèr têngah | kang kidul kalangkung radin | kali Wêdhèn kambaha bêbayi bisa ||

21. nulya nantun marang sira ki tumênggung | hèh Surajênggala | sira wani mungsuh iki | anauri asru Ki Surajênggala ||

22. kula purun punika mring Pangran Timur | lan Kudanawarsa | Pangran Mangkunagarèki | botên wontên dene tan wontên katingal ||

23. sigra nambur saparo ginawa ngidul | Kapitan Sèl pyambak | panyabrange kang ngêngirid | praptèng nyabrang wetan angabani bala ||

24. Pangran Timur ingêdrèl sapisan kawur | malêdug angetan | binujung sampun atêbih | sigra ngilèn Kapitan Sèl nêmbang durma ||

153. Durma

1. arsa gitik barise Kudanawarsa | gugup pangeran angling | marene ku mêngsah | nirbita dèn aenggal | lurah nirbita wotsari | sukur punika | gusti lamun [la...]

--- 55 ---

[...mun] mariki ||

2. kula cara prangipun rama andika | lamun mêngsah Kumpêni | nênggih yèn acêlak | lajêng nêmpuh anunjang | angrukêt ingidak wani | wus sami tata | gulang-gulang ing wuri ||

3. parentahe pangeran hèh gulang-gulang | anuta aja kari | lawan wong nirbita | samya matur sandika | wus cêlak baris Kumpêni | wong anirbita | ngadêg sarwi alok hi ||

4. wus anêmpuh angrukêt sarwi anumbak | kagyat bala Kumpêni | kagum ting guragap | kagyat pangêdrèlira | sayêkti tanpa ngudhili | wong gulang-gulang | nusup pangamuknèki ||

5. kathah pêjah Kumpêni pating sulayah | pangeran sigra nitih | turôngga angetan | barise Danawarsa | kinèn mangsah ngilèn sami | mantri ngro samya | wus kinèn ngilèn sami ||

6. tigang dasa Kumpêni kang sampun pêjah | Kapitan Sèl ngêmasi | kang kari lumajar | ngumpul ngilèn sadaya | Kudanawarsa nabrangi | kang ngidul samya | nabrang ing kidul sami ||

7. kinaroyok amung angêdrèl sapisan | lumayu ngilèn sami | lan Surajênggala | Tumênggung ing Mataram | repot palayunirèki | sampun kacandhak | Surajênggala mati ||

8. pambujunge kèndêl ing Kamalon sayah | praptane têngah wêngi | wangsul ing Barija | mêngsah samarga-marga | akêkècèr kang ngêmasi | baris Prambanan | bêdhol mring ardi Gamping ||

9. wau Pangran Mangkunagara rêmbagan | badhe

--- 56 ---

manjing Matawis | arsa angrêbata | Kêdhu Pagêlèn pisan | wus dadya ingkang pinikir | saking Barija | budhal dhatêng Matawis ||

10. saha bala kadya wutahing hèrnawa | prapta tanah Matawis | pacak barisira | sawetan Kabanaran | sakilèn Jêjêran kêdhik | nulya parentah | narubkên wong Matawis ||

11. sabên dina prajurit sami urunan | nglèncèri gunung Gamping | nanging datan ana | ingkang purun parêka | saking gêng mêngsah Kumpêni | lan pra dipatya | kathah saking pasisir ||

12. wau Pangran Dipati Mangkunagara | ngêlar jajahan malih | Bagêlèn rinêbat | ingkang Paman Purbaya | ngulihkên Pagêlèn malih | pinaring bala | satus sawaos bêdhil ||

13. lan bupati satunggal jangkung kewala | wontên sa-Kilènpragi | nênggih lampahira | Tumênggung Pringgalaya | wus budhal saking Matawis | Pangran Purbaya | lawan sawadyanèki ||

14. bêkta satus prajurit Mangkunagaran | sakawan lurahnèki | sragêni jro ika | kalih lêlurahira | Sêrangpati Surèngpati | numbak tamtama | lurahipun kêkalih ||

15. Japênêtêg kalawan Jayapênatag | lampahe sampun prapti | sa-Kilènparaga | lajêng angilèn pisan | ing Pagêlèn nuju sêpi | Kyai Rungbinang | Kapitan Markèt sami ||

16. duk pinanggil marang Petor ing Têtêgal | anèng Toyamas nênggih | lagya tigang dina | pêpanggihan Toyamas | tinunjang caraka prapti | saking Mataram |

--- 57 ---

Istimolor wèh tulis ||

17. lamun ardi Gamping kinêpung ing mêngsah | andina rame jurit | nagari Mataram | jêjêl kanggènan mêngsah | Kapitan Sèl wus ngêmasi | prang tanah Pajang | lan tumênggung satunggil ||

18. Tumênggung Mataram ran Surajênggala | punika sarêng mati | lan Êsèl Kapitan | aprang anèng Barija | Kumpêni akèh kang mati | tuwin wong Jawa | para mantri kèh mati ||

19. lawan wontên mungsuh kang satu pangeran | Purbaya andhatêngi | mring Pagêlèn ika | Sangubanyu barisnya | apanjang raosing tulis | ulate pucat | miwah tumênggung kalih ||

20. mungsuh aprang sasat wong Tawanggantungan | Mangkunagara mangkin | wus umadêg nata | Sunan Adiprakosa | kumalungkung anèng bumi | kawênang-wênang | dènnya anglêlanangi ||

21. gawe bondhan tanpa ratu tanah Jawa | ing ayuda murwani | mila saudara | tumênggung kalih pisan | dika siyaga ing jurit | akumpul bala | nuntên budhala aglis ||

22. mukul Pangran Purbaya nèng Sangutoya | wetan kula nadhahi | dimèn ngalumpuka | mungsuh anèng Mataram | apanjang raosing tulis | ngiras awarta | Susunan Mangkubumi ||

23. sampun pêsthi Kumpêni pangukupira | idlèr sampun manggihi | marang Garobogan | Susunan ing Banaran | sampun saguh ing Kumpêni | anyirnakêna | ing Mangkunagarèki ||

24. mila nuntên sudara nuli enggala | tumuntên nunggil baris | ardi Gamping samya |

--- 58 ---

Ubristi pan mèh prapta | yèn sampun tumut manggihi | inggih kalawan | Susunan Mangkubumi ||

25. wus mangkana Ki Tumênggung Arungbinang | Markèt budhal dhingini | saking ing Toyamas | lampahnya gurawalan | nèng marga kapêthuk aglis | carakanira | Kurnèl Ungaran mangkin ||

26. lamun mêngsah ing punika arsa ngêpang | baris Ungaran singgih | wusira miyarsa | ature kang caraka | sinêru lampah nèng margi | datan kawarna | ing Ungaran wus prapti ||

27. têngah dalu enjinge lajêng têngara | kumpul sagung prajurit | lajêng budhalira | Tumênggung Arungbinang | lan Kapitan Markèt sami | amukul mêngsah | kang baris Sanguwarih ||

28. prajurite Ki Tumênggung Arungbinang | pitung atus tan luwih | ingkang kêkapalan | sèwu prajurit dharat | Kapitan Markèt Kumpêni | dragundêrira | tigang dasa tan luwih ||

29. jalan kaki sèkêt Kumpênine Islam | karo bêlah lumaris | angetan wus prapta | sakilèn Sangutoya | Pangeran Purubayèki | pacalangira | prapta atur udani ||

30. lamun mêngsah agêng saking kilèn prapta | gègèr barisirèki | gugup sami mêdal | Tumênggung Arungbinang | tan ataha ing ajurit | nêmpuh anunjang | rame campuh ing jurit ||

31. prange pêngkuh prajurit Mangkunagaran | sragêni ijo sami | panumbak tamtama | Tumênggung Arungbinang | ngungkih panêmpuhing jurit | wau mungsuhnya | kudane cilik-cilik ||

32. tinarajang [ti...]

--- 59 ---

[...narajang] mantri sèwu numbakanyar | ingangsahakên sami | Tumênggung Rungbinang | nindhihi ngawaki prang | anyêrot anunjang wani | Kumpêni mapag | dragundêre ngêdrèli ||

33. gulagêpan prajurit Kapurubayan | kudane prasamyalit | para mantri ngarsa | gêng-agêng kudanira | wus kawur kuwur angisis | dhadhal kaponthal | mawur tan môngga pulih ||

34. binabujung gêndring Pangeran Purbaya | balane kocar-kacir | praptèng Palaosan | maksih kinodhol samya | sadintên dènira ngungsir | tan inganggopan | praptèng Rendhetan sami ||

35. binabujung binêdhilan urut marga | ing Pragawônta prapti | nabrang kuthetheran | kinarutug sanjata | tumênggung kapitan sami | kèndêl Wêwaja | kunêng malih winarni ||

36. Pringgalaya ingkang baris anèng Bantar | anèng sa-Kilènpragi | jangkung lampahira | ing Pangeran Purbaya | Istimolor duk miyarsi | sampun siyaga | pukul tiga ing wêngi ||

37. angkatira saking ardi Gamping bêkta | satus dragundêrnèki | wong Kumpêni Islam | upêsir kang turôngga | tigang dasa miwah malih | kang pra dipatya | sakawan sawadyèki ||

38. ingkang sami kapalan kapitu bêlah | sarêng byar praptanèki | gène Pringgalaya | kinarutug sanjata | Pringgalaya misih guling | kagum kaponthal | kêkapalan anggêndring ||

39. pothar-pathir palayune kuthetheran | tumbak bêdhile kèri | tuwin kang turôngga | tan [ta...]

--- 60 ---

[...n] kongsi kinambilan | nusup-nusup rêbut urip | palayunira | jurang-jurang dèn bruki ||

40. gêgundhulan kabèh kang sami lumajar | Pringgalaya agundhil | lan sabalanira | ingungsir anèng wana | Istimolor wangsul aglis | samya jêjarah | suka akèh pinanggih ||

41. Istimolor lajêng angalèr sadina | Kapitan Markèt sami | lan Kyai Rungbinang | mêthuk mayor lampahnya | Istimolor lampahnèki | wis ingaturan | nyabrang sakilèn kali ||

42. amung mayor prajurit kang kathah-kathah | kantun sawetan kali | tata palênggahan | Istimolor lingira | sudara tumênggung nguni | dêlèr parentah | maring kula amêsthi ||

43. putrandika Tumênggung Jayasudarga | tumut ing kula yêkti | sagèn baris kula | Bumija numbakanyar | Bumijane wus anunggil | Dyan Natayuda | samantrine wus nunggil ||

44. inggih kantun mantrine anumbakanyar | punika dèrèng nunggil | samangke dandanan | nuntên kawula bêkta | Tumênggung Rungbinang nolih | mring putranira | hèh tumênggung sirèki ||

45. ing samêngko barênga angiring tuwan | dene kang kari-kari | anusul kewala | kang gawa sangunira | mêngko para mantri dhingin | gawanên padha | kang putra nêmbah amit ||

46. Mayor Istimolor amit sampun nyabrang | praptane wetan kali | nambur lajêng bubar | prajurit numbakanyar | turôngga tri atus ngiring | wau lampahnya | kapêthuk anèng margi ||

--- 61 ---

47. pacalange Pangeran Mangkunagara | dene miyarsa warti | Istimolor minggat | mring Pagêlèn parannya | milane dipun imbangi | kidul kilènnya | barisan ardi Gamping ||

48. pacalangè manjing desa suwung samya | tan wruh mungsuhnya prapti | ngarutug sanjata | kawur palajêngira | sami binandhang kudèki | giwar sarsaran | kabujung dèn kêkinthil ||

49. karusakan ing margi têmpuh kalawan | Pangeran Purbayèki | sami kapalajar | Tumênggung Pringgalaya | anusul akêmpis-kêmpis | sinungan kuda | mring Pangran Purbayèki ||

50. pambujunge mèh prapta ing Kabanaran | kèndêl bala Kumpêni | mayor lajêng marang | ing gunung Gamping samya | dragundêr tumut sapalih | angungsir mêngsah | Kumpêni kang sapalih ||

51. kagegeran kang baris ing Kabanaran | têngara amêtoni | prajurit kasêsa | Kyai Kudanawarsa | saking lèr anêmpuh jurit | campuh sakêdhap | mundur bala Kumpêni ||

52. Pangran Mangkudiningrat Sumanêgara | saking wetan nulungi | langkung gugupira | Pangran Mangkunagara | prajurite ing jro sami | kèn umangsaha | têtulung ing ajurit ||

53. wau Pangran Purbaya panggih kang putra | langkung ngungunirèki | miwah Pringgalaya | inggih sampun kapanggya | praptane prasami gundhil | wau kang aprang | mungsuh wus manjing loji ||

54. pan angalang barise Kudanawarsa | dèn mariyêm anêbih | kang kidul mangkana | Pangran Mangkudiningrat |

--- 62 ---

dèn mariyêm sami nêbih | lir prabata rag | mariyêm gunung Gamping ||

55. dèn lêlèdhèk kuda satus sami mêdal | binujung manjing loji | mungsuh antuk nyêlak | mriyêm sungsun tinundha | kudane mungsuh kèh mati | dadya agiras | undure ngasmarani ||

154. Asmaradana

1. wanci rêp undurirèki | Dipati Kudanawarsa | Pangran Mangkudiningrate | Tumênggung Sumanagara | praptane Kabanaran | lajêng dènira arêmbug | anèng ngarsane pangeran ||

2. rêmbage kang pra dipati | sakathahe wong ing desa | kang sami anyanggi uwos | bêras kang marang wong Lônda | punika rinusaka | tinumpêsana wongipun | pradesane ginêmpuran ||

3. kang rinêmbug sampun dadi | kunêng malih winursita | lampahira tuwan idlèr | ingkang arsa pêpanggihan | lan Natèng Kabanaran | Padagangan ênggènipun | masanggrahan sri narendra ||

4. tuwan idlèr duk ing margi | nèng talatah bumi Dêmak | kang iring wukir Kêndhênge | utusan mêthuk sang nata | Pangeran Pakuningrat | lan Sindusastra Tumênggung | Brajamusthi Brajadênta ||

5. kapêthuk wontên ing Candhi | lan Pangeran Pakuningrat | tigang atus prajurite | banderanipun sakawan | kumpule kang gêgaman | sami kèndêl pêkênipun | ing Candhi atêtabean ||

6. têtanya Nikolas Harting | punika maksih atêbah | saking ing ngriku prênahe | nênggih dhusun Padagangan | nauri [na...]

--- 63 ---

[...uri] Pakuningrat | saonjotan botên langkung | malah ta kapara kirang ||

7. nulya samya mangkat malih | pra dipati munggèng ngarsa | gumuruh munya tambure | lampah lagya tigang bulak | wontên wau katingal | dêdamêl ingkang amêthuk | Dipati Suryanagara ||

8. kèndêl têtabean aglis | sakêdhap lajêng bubaran | lagya tigang bulak malèh | Mas Rôngga kang katingalan | nênggih dêdamêlira | têtabean kèndêlipun | tan dangu nulya budhalan ||

9. sawêg tigang bulak malih | wontên dêdamêl katingal | kalih songsongipun jêne | idlèr alon atêtanya | sintên punika prapta | Suryanagara sumaur | inggih putra kalih pisan ||

10. kang nama pangran dipati | pangran ngabèi satunggal | wus cêlak nulya atabe | sarêng dènnya bêbudhalan | wus cêlak pasanggrahan | wadya jro wus tata dangu | baris sêsiyung kang kurmat ||

11. praptèng sabulak kaèksi | munya kodhokngorèk ngangkang | kêndhang gong kalawan srunèn | sang nata wus abusana | ngrasuk kaprajuritan | wus munggèng amparan lungguh | idlèr ngenggalkên lampahnya ||

12. pisah sagung pra dipati | kang sami wontên ing ngarsa | ngering nganan ing lampahe | wus cêlak idlèr tumêdhak | saking turangganira | masuk ing baris sêsiyung | ingapit kang para putra ||

13. sang nata têdhak sakêdhik | munggèng ngarsane ngamparan | Nikolas Harting nulya ge | malajêngi sri narendra |

--- 64 ---

gapyuk atêtabean | pan lajêng rangkul-rinangkul | samya cêciuman jôngga ||

14. wus dangu dènira linggih | ing kursi kilèn sang nata | sigra mangsah upêsire | petor bêsar têtabean | sigra Ubristi nulya | Kapitan pan dar Pol gupuh | lan Kapitan Dongkêl mangsah ||

15. wus atabe tata linggih | majêng sapangalèr pisan | kèndêl dangu tan miraos | Nikolas Harting samana | mèsêm-mèsêm kewala | dènira mulat sang prabu | bagus jatmika kalintang ||

16. dangu dènnya muwus aris | tuwan idlèr angrêrêpa | kula punika kinèngkèn | dhatêng eyang jêng paduka | Tuwan Gurnadur Jendral | Jakup Musêl kang angutus | lan sagung radpênindia ||

17. ngêsrahkên nagri sapalih | tuwan anamaa sultan | ing Mataram kadhatone | ratu ngiras senapatya | ngrêsiki tanah Jawa | ing pundi gène kang mungsuh | ingkang ngambah tanah Jawa ||

18. nênggih paduka kang wajib | anyirnakakên kang mêngsah | dene ta bôndha beanê | lawan kanthining ayuda | jendral kang matah-matah | sang nata nauri manthuk | ya tarima kasih ingwang ||

19. iku idlèr ujar pasthi | iya padha ujar pisan | aja kaya Si Hondhorop | ujare sok lêloropan | idêlèr latah-latah | puniku Walandi busuk | botên ambobot manusa ||

20. akarya risaking bumi | botên anganggo suwawa | yèn Nikolas Harting dede | môngsa inggih makatêna | angangge

--- 65 ---

ujar pisan | ajrih dukane Hyang Agung | ngêtrapakên siya-siya ||

21. lan kinèn ngêsahkên malih | wadya Kumpêni sadaya | ing prang môngka ing kanthine | satus dragundêr punika | kalih atus kang dharat | Kumpêni Slam tigang atus | kêstabêlipun sadasa ||

22. mariyêmipun kêkalih | dene senapatining prang | gih pun Mayor Istimolor | dene Ubristi punika | jêjênêng kinuwasa | lawan kang para tumênggung | nênêm karyane katura ||

23. ngandikan kang pra dipati | idlèr ngatag angujunga | kang dhingini pangujunge | Ki Dipati ing Samarang | gantya kang pra dipatya | wusira tata alungguh | anunggil kang pra dipatya ||

107. Sinuhun Sultan dhawuh ambidhalakên wadyabala Jawi lan Walandi ambujêng balanipun Pangeran Mangkunagara

24. dinangu prajuritnèki | bupati nênêm punika | mung sangang atus kudane | sèwu sangang atus dharat | sang nata angandika | mêngkene para tumênggung | iya prajanjiyaningwang ||

25. sapa kang lumayu dhingin | tinggal Kumpêni lan ingwang | sun lunas prajanjiningong | idlèr anambungi latah | lêrês punika sultan | pra dipati nêmbah matur | pukulun inggih sandika ||

26. sang nata ngandika malih | dene ta Ubristi sira | ngidula mring Matarame |

--- 66 ---

sagung baris kêbutêna | gawanên ngangsêg ngetan | dene ta kang ingsun pundhut | upêsir loro kewala ||

27. Litnan Kornète kajawi | iya kang para kapitan | Si Dongkêl lan Si pan dêr Pol | ingkang dadi kanthiningwang | poma dèn eling padha | aja kagetan ing laku | mungsuh Si Mangkunagara ||

28. anggêdhag tangkêping jurit | ulah sênggrang ing ayuda | yèn tinanggonan malècèt | yèn olèh wong tipis manah | taksir môngsa dadia | pasisir para tumênggung | dèn eling tangkêping yuda ||

29. sadaya matur wotsari | sang nata malih ngandika | hèh Ubristi sira têmbe | yèn ana ungguling lampah | maringa tanah Pajang | Si Kurdhanagara iku | lah iya Si Wiranata ||

30. sira lunasa tumuli | yèn akêmbul lawan sira | iku jajalanat gêdhe | kabèh ginawe bandara | inganggêp tan karuwan | ing wiwitane puniku | wonge Si Mangkunagara ||

31. nuli lunga iku balik | anak Prabu Surakarta | lawan dadi punggawane | iya iku nora lana | nuli baline minggat | bali maning lunganipun | marang Si Mangkunagara ||

32. nora lawas bali maning | mring anak prabu ing Sala | anuli suwita mring ngong | iya iku yèn awèta | mangkana kang pratingkah | sayêkti iku bêbawur | pratingkah ingkang atata ||

33. lawan iya sira benjing | yèn wis ngancik tanah Pajang | wong desane tarub kabèh | anak Prabu

--- 67 ---

Surakarta | anuli caosana | kang ngingoni kudanipun | wong limang atus kewala ||

34. sandika Mayor Ubristi | sadaya pitungkas tuwan | sayêkti lamun kalakon | sang nata malih ngandika | maring idlèr lingira | iku idlèr ya Si Ubrus | abêcik nuli mangkata ||

35. singa kang campuh rumiyin | kang kari enggal ngêpunga | aja kongsi katêlompèn | idlèr panuju kewala | Ubristi sigra mangkat | lawan saprajuritipun | sapraptanira Samarang ||

36. pan amung kèndêl sawêngi | enjingipun nulya budhal | marang ing Kêdhu jujuge | prapta pabarisan Sêcang | lajêng apaparentah | Tumênggung Banyumas sampun | kinèn siyaga ngayuda ||

37. praptaa ing gunung Gamping | kerida Yudanagara | kabèh Walônda Pagêlèn | iya padha dèn gawaa | Tumênggung Arungbinang | karia ingkang atunggu | Pagêlèn iya kalawan ||

38. Si Kapitan Markèt nuli | sa-Kumpênine budhala | kang karia ing Pagêlèn | amung salawe Walônda | lan Tumênggung Rungbinang | parentah Tumênggung Kêdhu | badhe binêkta sadaya ||

39. mung Gowong kang makèwêdi | wontên bupati satunggal | Tumênggung Mangkudirjane | punggawa Natèng Banaran | misih ngadêg barisnya | sapraptane Mayor Ubrus | lajêng kinintunan sêrat ||

40. yèn gawa parentahnèki | Susunan ing Kabanaran | yèn wis dhatêng badhamine | anulya gampil kewala | utusan maring

--- 68 ---

Sêcang | lan Tumênggung Singaranu | prasamya utusan kadang ||

41. lawan sakêrigannèki | wus sami ngumpul nèng Sêcang | wusnya asumêkta kabèh | Mayor Ubris lagya budhal | saking barisan Sêcang | kang tinilar anèng Kêdhu | mung mantri kalih kewala ||

42. mung rolas Kumpêninèki | lawan sareyan satunggal | Mayor Ubristi lampahe | ing gunung Gamping wus prapta | Tumênggung ing Banyumas | lêt rong dina praptanipun | kumpul nèng Gamping sadaya ||

43. langkung agêng ingkang baris | Pangeran Mangkunagara | samya mundur pangajênge | kuwatir agênging mêngsah | Pangran Mangkunagara | wontên mantrine umatur | ing mangkya rama paduka ||

44. panggih lan Idlèr Samawis | anèng dhusun Padagangan | sampun akumpul barise | malah ta arsa budhalan | dhatêng ing tanah Pajang | paduka arsa ginêpuk | pinaju kalih punika ||

45. mila baris ardi Gamping | langkung gêng baris kang prapta | warti sèwu Kumpênine | Bali Bugisipun dhomas | bupatine akathah | badhe amêkasi laku | inggih amucunga ing prang ||

155. PocungTeks asli: Pucung.

1. rama prabu ing punika gadhah sanggup | nyirnakakên ing prang | dhatêng ing paduka mangkin | balanipun wêwah malih sampun kathah ||

2. kanthinipun Kumpênine tigang atus | pra dipati kathah | pasisir ingkang kinêrig | wus jinanjèn sarêng rêmak rêmpu ing prang ||

3. dènnya ngrungu Pangran Mangkunagarèku | bingung manahira | ragi kaduwung [ka...]

--- 69 ---

[...duwung] ing galih | dènnya ambêk êncik-êncik ing prakara ||

4. pikiripun mungsuh iki gêdhe pungkur | sanadyan kêthèna | mungsuh gunung Gamping iki | nora abot dene kiyai tan ana ||

5. kang lèr iku kêdhika Kumpêninipun | ingkang mawa awrat | dene akanthi kiyai | enak mundur payo mapan Sumarêja ||

6. budhal esuk sawadyanira gumuruh | praptèng Sumarêja | wontên ingkang matur malih | ajêng budhal rama paduka sang nata ||

7. wandenipun Adipati Pugêr lampus | bok sandhung maesan | mila ragi tamban malih | pêjahipun Pugêr ing tanggal punika ||

8. ya ta wau pangeran ing karsanipun | angur dhininginan | kerona tyase kiyai | sigra budhal sêdya lajêng Garobogan ||

9. têlikipun kang rama atas angrungu | lajêng lampahira | rina wêngi pan lumaris | sapraptane Padagangan tur uninga ||

10. lamun mungsuh badhe dhatêngi anggêpuk | wau duk miyarsa | yèn beka badhe dhatêngi | marang Candhi Pusêr ngalih pasanggrahan ||

11. lan gupêrnur lamine wus kawan dalu | dhatêngakên rêmbag | kêkarène bicarèki | dene sultan abdine kang kathah-kathah ||

12. papalayon saking Kumpêni rumuhun | tiyang dosa pêjah | samangke sampun alami | pangabdine luwara saking bicara ||

13. idlèr nurut sadaya pamundhutipun | sultan malih mojar | lawan saprakara malih | ênggon ingsun ngawulakkên [nga...]

--- 70 ---

[...wulakkên] pra dipatya ||

14. kaya iku Dhimas Natakusumèku | kalawan yayi mas | Sang Prabu Mangkarawati | sadosane aywa na dadi rêrasan ||

15. idlèr matur yèn Sultan Bantên puniku | wau tuwan turna | Rama Tuwan Sèh Ibrahim | dimènipun binêkta ing Batawiah ||

16. lon sumaur mau duk Tuwan Sèh rawuh | nèng pakuwon ingwang | Yayi Prabu Pakungwati | apanuju bangêt ing gone alara ||

17. idlèr matur sadayane tuwan tanggung | sayêkti yèn luwar | kados Sultan Pakungwati | yèn mantuka ngantukkên dadi santana ||

18. yêkti tumut lamun lêlurahe emut | kalangkung prayoga | ing rumiyin jaman lali | mangke eling Kumpêni sukur kewala ||

19. nulya wau rampunging bicaranipun | wadyatur uninga | mantri pangarsaning baris | lamun prapta Pangeran Mangkunagara ||

20. wau dalu nèng Serang pakuwonipun | kadi mangke prapta | balane kadi jaladri | tuwan idlèr miyarsa ku ngantènana ||

21. sami kumpul pra dipati barisipun | prasamya mangawat | prajurit jro andhadhani | sultan têdhak idlèr kinèn maksih lênggah ||

22. nitih gupuh ing kuda anjog mangayun | nata barisira | solahe sèdhêt tarincing | idlèr mulat mèsêm agoyang kapala ||

23. dhasar patut dadya prajurit pinunjul | sawusnya parentah | wangsul palênggahan malih | angandika Kumpêni aja katingal ||

24. tan adangu mantri

--- 71 ---

pacalang têtêlu | kuda tigang dasa | praptane atur udani | mêngsah sampun botên purun marikia ||

25. wontên matur yèn paduka badhe mêthuk | amrih papan jêmbar | ing Candhi Pusêr prayogi | nanging inggih ing lampah kêdah mangetan ||

26. mangke sampun nèng Sela pakuwonipun | sang nata ngandika | idlèr muliha Samawis | Adhi êmas Pakuningrat mèlu sira ||

27. kanthinipun Si Ngabdul Wakid puniku | sun alihkên aran | Si Ngabèi Cakrakarti | ingsun gawe lurahe ing wong limalas ||

28. besuk lamun ana salamêting laku | iya lamun ana | kêkarèning umur iki | patêmone anak Prabu Surakarta ||

29. sira iku idlèr aja lawas besuk | nuli umangkata | mring Surakarta nagari | aja pisah lan Si Adhi Pakuningrat ||

30. Sultan Pakungwati pinarêngkên laku | pamit rêrangkulan | Sang Prabu Mangkarawati | lan kang raka karuna mèh kur-ungkuran ||

156. Pangkur

1. idlèr pamit têtabean | saking Candhi Pusêr sampun lumaris | môngka gêgêdhening rukun | Pangeran Pakuningrat | lan Ngabèi Cakrakarti kanthinipun | lan malih ingkang binêkta | Sang Prabu Mangkarawati ||

2. ingaturkên Sarib Bêsar | kinèn bêkta marang nagri Samawis | matura marang gurnadur | nênggih dèn antukêna | marang Bantên muliha santananipun | nir ciptane dadi raja | elinga kêkadang malih ||

3. wau ta saungkurira | tuwan idlèr

--- 72 ---

mantuk dhatêng Samawis | sadalu marga prapta wus | nagari ing Samarang | Pangran Pakuningrat lan idlèr wus laju | panggih Tuwan Sarib Bêsar | matur satingkahirèki ||

4. palêsta sagung bicara | putra Tuwan Susunan Mangkubumi | inggih anyuwun pangèstu | badhe umagut ing prang | nyirnakakên inggih yèn antuk pitulung | rêrêgêding tanah Jawa | rêriwuk gêng anglangkungi ||

5. Tuwan Sarib duk miyarsa | yèn putrane badhe umagut jurit | anèng ngarsane gupêrnur | lan Pangran Pakuningrat | sigra ngadêg nèng kêmeja adêgipun | angadêgakên kang putra | lujênge umagut jurit ||

6. wus dangu pangadêgira | kêmejane obah anulya linggih | idlèr alon aturipun | angsal pangèstu tuwan | andongakkên kang arsa magut prang pupuh | Mangkubumi salamêta | dènira umagut jurit ||

7. idlèr latah aturira | putra tuwan pantês dadi prajurit | Mangkubumi dêdêgipun | atêrincing sêrigak | lawan sampun undhagi gêlaring pupuh | suka Tuwan Sarib Bêsar | Kumpêni sama amuji ||

8. idlèr matur marang tuwan | Sèh Ibrahim Sang Prabu Pakungwati | katura dhatêng gurnadur | eling dènnya kêkadang | dèn antukkên mring Bantên kadi rumuhun | dadya santana pangarsa | ing Nagara Pakungwati ||

9. manthuk Tuwan Sarib Bêsar | langkung pênêd samangkya darbe eling | eling durakèng Hyang Agung | karya susahing kathah | dadi iku kagawa ing lakuningsun | dadi muwuhi ganjaran |

--- 73 ---

mring Sutèngong Mangkubumi ||

10. badhamine anggêgawa | iya padha raja liya nagari | sagunging pitungkas putus | idlèr sigra pamitan | Pangran Pakuningrat amakuwon sampun | kunêng gantya kawuwusa | kang baris ing ardi Gamping ||

108. Tumênggung Kurdhanagara saanakipun dipun lunas Sunan Kabanaran ngaturi bumi 500 minôngka têdhaning kapal dhatêng ingkang putra Sinuhun ing Surakarta

11. budhal saking ing Mataram | sagung ingkang Kumpêni ardi Gamping | Kumpênine gangsal atus | nêmatus Kumpêni Slam | bupatine têtiga Tumênggung Kêdhu | Mangkuyuda Natayuda | Tumênggung Wiradigdèki ||

12. Pagêlèn ingkang satunggal | numbakanyar lan sakancane mantri | Jayasudarga Tumênggung | Tumênggung ing Banyumas | sakancane para ngabèi tan kantun | Panjêr Banjar Mardèn Roma | ing Ngayah lawan ing Pasir ||

13. agêng lampahe gêgaman | ingkang kantun wontên ing ardi Gamping | Kumpênine patang puluh | satus Kumpêni Islam | Kapitane Markèt punika kang kantun | nênêm kang para dipatya | para tumênggung pasisir ||

14. kapitu Tumênggungira | ing Mataram Tumênggung Rajaniti | wau ta sang Mayor Ubrus | wontên malih kanthinya | Istimolor angirid gêgaman agung | angetan mring tanah Pajang |

--- 74 ---

ing Lêmahirêng wus prapti ||

15. Kumpêni ing Surakarta | asiyaga mêdal saking nagari | wontên kalih mantri nungkul | Mantri Natèng Banaran | kang ngayomi sawetan Marapi gunung | Ngabèi Jayanagara | Wiranagara Ngabèi ||

16. kêkapalan wolung dasa | bêkta bawah nyèwu mantri satunggil | kang kinanthi marang uprup | mêdal jawi nagara | lawan Mantri Pamasaran kang atugur | nèng nagari Surakarta | Ki Ngabèi Surakarti ||

17. dene Drik Johan Abraham | sampun kumpul lan Kurdhanagarèki | anèng Baki barisipun | tarub sagung wong desa | wus binêkta mring uprup ngumpul mangidul | Yan Hèndrik Uprup Abraham | lan Mayor Ubrus wus panggih ||

18. nèng Lêmahirêng wus prapta | pamondhokan langkung agêng kang baris | Cumpu ara-aranipun | mung kêdhik ingkang wetan | sapambêdhil pistul ara-aranipun | kanggenan pondhok sadaya | tarub wong desane sami ||

19. Tumênggung Kurdhanagara | wus pinanggil dalu marang Ubristi | sakawan lan anakipun | sampun pinarantenan | langkung wêrit pirantine Mayor Ubrus | upêsir Kumpêni Islam | apan kinèn amatèni ||

20. pinêndhêm dadi saluwang | kunarpane kapat anake sami | kang kêkalih kadangipun | datan ana kang wikan | dupi enjing Kumpêni prasamya padu | animbali pra dipatya | sadaya dipun takèni ||

21. Si Bapak Kurdhanagara | ana ngêndi dene tan ana prapti | pra dipati [dipa...]

--- 75 ---

[...ti] ting palinguk | tan wikan saurira | lamun ingkang pawarta minggat ing dalu | bawahe wus pinarutah | mantrine kang nyôngga kardi ||

22. Yan Hèndrik Johan Abraham | wus pinanggil marang Mayor Ubristi | prapta ngarsanira Ubrus | alon ing wuwusira | tuwan sunan iya pira kudanipun | Uprup Abraham turira | mung wêwolu botên luwih ||

23. Ubristi malih lingira | nora ana sikêp sapa ngingoni | Johan Abraham turipun | inggih tumbas kewala | angling sugal sira wau Mayor Ubrus | dadi sira bangêt tiwas | duk nungkul Wiranatèki ||

24. apa nora gawa bawah | sigra Braham alon ing wuwusnèki | nênggih bêkta tigang èwu | nanging tuwan susunan | botên ngarsakakên inggih lamun mundhut | bawah dhatêng Wiranata | pinrih agêng ingkang baris ||

25. Mayor Ubristi lingira | iki mêkas Susunan Mangkubumi | kinèn anyaosi ingsun | sawah kang pêndhak-pêndhak | aja kurang aja luwih limang atus | iya êndi aranana | Johan Abraham anolih ||

26. nuju sinung Kulman Jawa | mring sang nata lêlungsuran bupati | anut saparaning uprup | kalih tilas punggawa | ing Kaduwang Sumabrata naminipun | Ngabèi Krêtinagara | uprup akèn angarani ||

27. desa pêrak kang prayoga | Kyai Krêtinagara amastani | inggih Baki tigang atus | satuse Puncang Palar | Jurangjêro

--- 76 ---

satus jangkêp gangsal atus | Ubristi sigra parentah | mundhut limang atus bumi ||

28. mêtua saking arahan | para mantri kang sami nyêpêng bumi | bumi limang atus katur | Ubristi gya parentah | sira dhewe Abraham muliha gupuh | aturêna mring sang nata | bumi limang atus iki ||

29. dadia ingon turôngga | ingkang Rama Susunan Mangkubumi | ingkang pitungkas maring sun | besuk lamun wis tata | iya gampang ing samêngko aja butuh | Uprup Abraham sandika | tabe amit mangkat aglis ||

30. sapraptane Surakarta | lajêng masuk ing kadhaton wus panggih | umatur marang sang prabu | Ubristi ingkang duta | ngaturakên inggih bumi gangsal atus | samangke ingon turôngga | ngandika sri narapati ||

31. hèh uprup iki ta sapa | duwe pikir dene luwih prayogi | Istimolor apa Ubrus | uprup mèsêm turira | inggih saking rama paduka pukulun | Susuhunan Kabanaran | pun Ubrus dèn parentahi ||

32. duk uprup tumut panggihan | Candhi Pusêr gènira marentahi | hèh Ubrus yèn dika besuk | prapta ing tanah Pajang | anak prabu nuli caosana gupuh | limang atus aja kurang | bumi ingoning turanggi ||

33. lawan Ki Kurdhanagara | sakadange ya Si Wiranatèki | padha lunasên sirèku | dosa bêbawur lampah | bolak-balik bondhanakên para ratu | kèh kuwur barang pratingkah | kang sayêkti amrih pati ||

34. gumujêng nata miyarsa | sakarsane [sakarsa...]

--- 77 ---

[...ne] paman kang kakon galih | uprup malih aturipun | lan malih kula myarsa | nungkulipun mantri kêkalih puniku | nênggih pun Jayanagara | kalih Wiranagarèki ||

35. pan tinuduh kabatinan | mantri kalih wetan wukir Mêrapi | nungkula ing anak prabu | mêngakêna dêdalan | mantri loro anggawaa bawah nyèwu | ya aja butuh kewala | karsane gustinirèki ||

36. nuli ngaturana kuda | patang puluh papat bae kang bêcik | bok karsane anak prabu | dandan kaprajuritan | pan makatên wartine inggih pun Ubrus | gumujêng wau sang nata | mêsthi bênêr pawartèki ||

37. uprup lah sira balia | mring barisan Lêmahirêng dèn aglis | yèn mèh prapta idlèr besuk | sira nuli balia | kawruhana karyane para tumênggung | Dyan Uprup Johan Abraham | tabe pamit nulya mijil ||

109. Prajurit Kabanaran lan prajurit Kumpêni campuh kalihan prajurit Mangkunagaran wontên ing Tugu. Pangeran Mangkunagara kasoran lajêng kêkuwu wontên ing Burêng

38. kunêng wau kawuwusa | dutanira nênggih Mayor Ubristi | sarêsan Rikês tinuduh | lawan mantri sadasa | wontên sèkêt nênggih kêkapalanipun | ing Candhi Pusêr wus prapta | Kapitan Dongkêl [Dong...]

--- 78 ---

[...kêl] wus panggih ||

39. lajêng binêkta ngayunan | sri narendra sampun mijil ing jawi | siniwakèng punggawagung | Kapitan Dongkêl prapta | ngaturakên dutanira Mayor Ubrus | Sarêsan Rikês kang prapta | sêrate wus dèn tampani ||

40. binuka sinukmèng driya | Mayor Ubrus ingkang ngaturi tulis | kang muni ing suratipun | nguni tuwan mitungkas | anyaosi nênggih bumi gangsal atus | dhatêng ing putra paduka | mêcah kaluwak samangkin ||

157. PocungTeks asli: Pucung.

1. gih pun Uprup Abraham nampèni sampun | winêdalkên samya | saking arahanirèki | ing Jurangjro Baki lan ing Pucang Palar ||

2. tuwan mundhut Wiranata pêjahipun | sampun kalampahan | sakadang sutane sami | jisimipun kula wor dadya saluwang ||

3. kula nuwun ing karsa tuwan pukulun | punapa ngarsakna | amukul mêngsah tumuli | ingkang kidul tanah Pajang sampun rata ||

4. kula nuwun parentah tuwan sang prabu | tuwan kang minôngka | admiral madyaning jurit | botên kenging pun Ubrus anglancangana ||

5. sawusira titi ing pamaosipun | sang nata ngandika | iki wus lêga tyas mami | wus nêmahi si rusuh kakèhan lurah ||

6. anak prabu jêro têmên karsanipun | wong bubrah ukara | ing ayuda dosa pati | Wiranata têka mêksa dèn apura ||

7. têtêp lamun karya bondhan tanpa ratu | suratipun nulya | pamaosnya sampun titi | inguncalkên mring Pangran Natakusuma ||

8. yayi iku Ubristi [U...]

--- 79 ---

[...bristi] pratelanipun | padha kawruhana | iki mungsuh ana ngêndi | matur nêmbah Pangeran Natakusuma ||

9. milanipun nênggih pakèwêd kalangkung | taksih wontên Sela | pan Suryakusuma mangkin | angrêrayah wonge dèn umbar kewala ||

10. malih cungkup Ki Agêng rinayah gêmpur | samangke nalôngsa | inggih mêmangun nyungkubi | ing astananipun Ki Agêng Sêsela ||

11. balanipun tan wontên uningèng kulhu | tan wontên miyarsa | astana Sela puniki | nêdhakakên sagung para raja-raja ||

12. sang aprabu duk miyarsa langkung bêndu | yèn mangkana dhimas | lah payo padha ginitik | nadyan silih angèla papaning aprang ||

13. nêmbah matur Pangran Natakusumèku | pukulun sang nata | pan anyuwun duka kêdhik | yèn paduka apranga tanah ing Sela ||

14. cacadipun kalih prakawis puniku | kang rumiyin cacad | botên kurmat botên taklim | ing lêluhur dagan ulon kinarya prang ||

15. malihipun paduka nganthi pukulun | kang prajurit sabrang | jinise sanès agami | yèn wutaha rahipun nèng bumi Sela ||

Lajêng nyandhak jilid 17.

--- [0] ---

Isinipun

... Kaca

104. Pangeran Mangkunagara madêg ratu, mangsah ingkang rama Sunan Kabanaran ...

105. Sarib Bêsar pêpanggihan kalihan Sunan Kabanaran ...

106. Pangeran Bintara malik tingal. Pangeran Mangkunagara jumênêng nata ajêjuluk Sunan Adiprakosa, Kumpêni sampun mupakat Sunan Kabanaran têtêp ratu senapati mawi sêsêbutan Sultan Akadhaton ing Mataram ...

107. Sinuwun Sultan dhawuh ambidhalakên wadyabala Jawi lan Walandi ambujêng balanipun Pangeran Mangkunagara ...

108. Tumênggung Kurdhanagara saanakipun dipun lunas. Sunan Kabanaran ngaturi bumi 500 minôngka têdhaning kapal dhatêng ingkang putra Sinuhun ing Surakarta ...

109. Prajurit Kabanaran lan prajurit Kumpêni campuh kalihan prajurit Mangkunagaran wontên ing Tugu. Pangeran Mangkunagara kasoran lajêng kêkuwu wontên ing Burêng ...