Sastra Jawa

Program Digitalisasi Sastra Daerah

  • Increase font size
  • Default font size
  • Decrease font size

Babad Giyanti, Balai Pustaka, 1937-39, #985 (Jilid 17)

Katalog:Babad Giyanti, Balai Pustaka, 1937-39, #985
Sambung:
1.Babad Giyanti, Balai Pustaka, 1937-39, #985 (Jilid 01). Kisah, Cerita dan Kronikal | Babad Giyanti #1061.
2.Babad Giyanti, Balai Pustaka, 1937-39, #985 (Jilid 02). Kisah, Cerita dan Kronikal | Babad Giyanti #1062.
3.Babad Giyanti, Balai Pustaka, 1937-39, #985 (Jilid 03) . Kisah, Cerita dan Kronikal | Babad Giyanti #1063.
4.Babad Giyanti, Balai Pustaka, 1937-39, #985 (Jilid 04). Kisah, Cerita dan Kronikal | Babad Giyanti #1064.
5.Babad Giyanti, Balai Pustaka, 1937-39, #985 (Jilid 05). Kisah, Cerita dan Kronikal | Babad Giyanti #1065.
6.Babad Giyanti, Balai Pustaka, 1937-39, #985 (Jilid 06) . Kisah, Cerita dan Kronikal | Babad Giyanti #1066.
7.Babad Giyanti, Balai Pustaka, 1937-39, #985 (Jilid 07). Kisah, Cerita dan Kronikal | Babad Giyanti #1067.
8.Babad Giyanti, Balai Pustaka, 1937-39, #985 (Jilid 08) . Kisah, Cerita dan Kronikal | Babad Giyanti #1068.
9.Babad Giyanti, Balai Pustaka, 1937-39, #985 (Jilid 09). Kisah, Cerita dan Kronikal | Babad Giyanti #1069.
10.Babad Giyanti, Balai Pustaka, 1937-39, #985 (Jilid 10). Kisah, Cerita dan Kronikal | Babad Giyanti #1070.
11.Babad Giyanti, Balai Pustaka, 1937-39, #985 (Jilid 11) . Kisah, Cerita dan Kronikal | Babad Giyanti #1071.
12.Babad Giyanti, Balai Pustaka, 1937-39, #985 (Jilid 12). Kisah, Cerita dan Kronikal | Babad Giyanti #1072.
13.Babad Giyanti, Balai Pustaka, 1937-39, #985 (Jilid 13) . Kisah, Cerita dan Kronikal | Babad Giyanti #1073.
14.Babad Giyanti, Balai Pustaka, 1937-39, #985 (Jilid 14) . Kisah, Cerita dan Kronikal | Babad Giyanti #1074.
15.Babad Giyanti, Balai Pustaka, 1937-39, #985 (Jilid 15) . Kisah, Cerita dan Kronikal | Babad Giyanti #1075.
16.Babad Giyanti, Balai Pustaka, 1937-39, #985 (Jilid 16). Kisah, Cerita dan Kronikal | Babad Giyanti #1076.
17.Babad Giyanti, Balai Pustaka, 1937-39, #985 (Jilid 17). Kisah, Cerita dan Kronikal | Babad Giyanti #1077.
18.Babad Giyanti, Balai Pustaka, 1937-39, #985 (Jilid 18). Kisah, Cerita dan Kronikal | Babad Giyanti #1078.
19.Babad Giyanti, Balai Pustaka, 1937-39, #985 (Jilid 19). Kisah, Cerita dan Kronikal | Babad Giyanti #1079.
20.Babad Giyanti, Balai Pustaka, 1937-39, #985 (Jilid 20). Kisah, Cerita dan Kronikal | Babad Giyanti #1080.
21.Babad Giyanti, Balai Pustaka, 1937-39, #985 (Jilid 21). Kisah, Cerita dan Kronikal | Babad Giyanti #1081.

Serie No. 1259p

Babad Giyanti

Anggitanipun Radèn Ngabèi Yasadipura I ing Surakarta.

Jilid 17.

Bale Pustaka - 1938 - Batawi Sèntrêm.

--- [2] ---

Wêwênangipun ingkang ngarang kaayoman miturut anggêr ingkang kapacak ing sêtatsêblad 1912 No. 600.

--- [3] ---

Prajurit Kabanaran lan prajurit Kumpêni campuh kalihan prajurit Mangkunagaran wontên ing Tugu. Pangeran Mangkunagara kasoran lajêng kêkuwu wontên ing Burêng.§ Miturut babon ingkang sumimpên ing Kon. Bat. Gen. v. K. en W.

16. karya lêtuh camah inggih dadosipun | namaning pusaka | risak sapangate yêkti | têmahipun kang kopyah dadi têrumpah ||

17. dene mungsuh anyênyamah pusakagung | môngsa ta botêna | pinanggih badanirèki | Allahuma bangidahu wabangida ||

18. gêr ginuyu dening kang para tumênggung | dene ta Pangeran | Natakusuma dongani | sri narendra rèrèh dènnya darbe karsa ||

19. karya sampun angsul-angsul marang ubrus | sinungakên sigra | Sarêsan Rikês wus pamit | mêsat saking Candhi Pusêr lampahira ||

20. kang ing pungkur nutugakên gunêmipun | wau ingkang prapta | rowang angamuk ing wêngi | Bugisipun Dipati Suryanagara ||

21. têlung puluh dalu amarani mungsuh | ngamuk saking wana | gègèr busêkan nulyènjing | budhalipun Pangeran Mangkunagara ||

22. praptanipun ing Sukawati ing Tugu | pacak barisira | papanipun wiyar radin | pan ing ngriku badhene ngantêpi aprang ||

23. kang kawuwus baris Candhi Pusêr sampun | atêngara budhal | parentah sri narapati |

--- 4 ---

punggawa kang tinuduh dadi pangarsa ||

24. Rôngga Wirasêtika samantrinipun | akanthi kalawan | Dipati Suryanagari | kang nimbangi Pangeran Natakusuma ||

25. wurinipun Môndraka Wiradigdèku | kang sumambung wuntat | Brajadênta Brajamusthi | wuri nulya Ki Tumênggung Pusparana ||

26. lan Tumênggung Lap-Alap Dipadirjèku | ing wurine nulya | barise mantri pinilih | lan prajurit Suranata tinindhihan ||

27. raja sunu pangeran dipatinipun | kalawan arinya | nênggih pangeran ngabèi | pêpangkone sang nata asalin gêlar ||

28. kang pinangku dragundêre wolung puluh | ingkang salawe prah | samya anjagani wuri | jalan kaki sawidak jagani wuntat ||

29. wurinipun sang nata para tumênggung | pasisir sadaya | duk budhale saking candhi | pinemutan sangkalanira ingetang ||

30. bêsaripun trus sapta sabdaning ratu |Sengkalan: trus sapta sabdaning ratu (1779 A.J.,1851 A.D.). anunggil sangkalan | duk têmon Idlèr Samawis | lan sang nata duk kalane padagangan ||

31. prang Patugu anunggil sangkalanipun | lawan praptanira | barise Mayor Ubristi | Lêmahirêng Bêsar samya akiring Dal ||

32. baris agung praptèng Majênang kêkuwu | dhatêngakên lampah | sagung kang para dipati | pakumpulan sumiwi nèng ngarsa nata ||

33. sang aprabu parentah mring pra tumênggung | pasisir sadaya | hèh sagung kang pra dipati | yèn ayuda ing parentah sapisanan ||

34. sabên magut pangawat kiwa gènipun |

--- 5 ---

majua kang papat | kang loro jagani wuri | ing pikulan lan ambantu lamun sayah ||

35. kananipun Adhi Natakusumèku | Tumênggung Lap-Alap | Tumênggung Dipadirjèki | Jayarata milua marang yayi mas ||

36. lawan sira Tumênggung Sindusastrèku | milu ing yayi mas | Môndraka Wiradigdèki | katri lawan Si Tumênggung Pusparana ||

37. anèng pungkur yèn sayah aprange ngayun | lawan tarombolan | têtulunga lan Kumpêni | jalan kaki kang suwidak anèng wuntat ||

38. lah sirèku Rôngga Suryanagarèku | burining pangawat | Brajadênta Brajamusthi | iya nunggil ing wuri dèn rada jêpat ||

39. wong dragundur satus nèng wuri rongpuluh | ingkang wolung dasa | iya sun pangku nèng ngarsi | Si Kapitan pan dar Pol milu nèng ngarsa ||

40. anèng pungkur Kapitan Dongkêl sirèku | sadaya sandika | sang nata ngandika malih | dèn pakeling parentah ingsun sapisan ||

41. wong prang iku kalamun wus katon mungsuh | pijêr tata-tata | senapati kurang wadi | mung karia parentah aju undurnya ||

42. Walandèku dharat satus patang puluh | kanan kering ingwang | pitung puluh sisih iki | aja adoh anjagani pêpathokan ||

43. pangkoningsun pinilih Suranatèku | sapalih kang dharat | sapalih anèng turanggi | kang turôngga wuri dragundêr gènira ||

44. dharat iku lan jalan kaki wus kumpul | apan wus palastha | gunêm masalah ing jurit |

--- 6 ---

ya ta kunêng wau ingkang kawuwusa ||

45. Pangran Mangkunagara sampun angrungu | lamun ingkang rama | badhe amukul ing jurit | ing samangke sampun wontên ing Majênang ||

46. badhenipun anadhahi anèng Tugu | angutus punggawa | kêkalih angêlèncèri | Pringgalaya lawan Suramangunjaya ||

47. pamrihipun katona untabing mungsuh | kuda wolung dasa | wira-wiri bola-bali | nanging dhêdhêp sami pitambuh sadaya ||

48. nanging sampun katingal pakuwonipun | katawis yèn kathah | mundur wau kang nglèncèri | sapraptane baris Tugu aturira ||

49. èstu lamun agung untabe kang mungsuh | katawis kuwunya | Pangran Mangkunagarèki | pêparentah mring wadya môncanagara ||

50. besuk esuk padha kiraba dèn esuk | padha sênggrangana | sandika ingkang tinuding | tan kawarnèng dalu kawuwusa enjang ||

51. barisipun ing Majênang budhal esuk | wus anata lampah | mungsuh wong môncanagari | kang katingal sasolahe tinambuhan ||

52. datan purun anyêlaki lampahipun | pan giras piyambak | wau lampahe kang baris | sampun sami pangarsa nabrang bêngawan ||

53. Pangran Mangkunagara sabalanipun | ngèrèk mundur ngetan | amrih papan wiyar radin | dene mungsuh praptane anêmbang Durma ||

158. Durma

1. sami nabrang bangawan dangu adharat | sagung kang pra dipati | kang munggèng ing ngarsa | miwah kang wus pinatah | kang munggèng kering angering |

--- 7 ---

kang munggèng kanan | kering lajêng arakit ||

2. wadyabala Kumpêni sampun anyabrang | wau sri narapati | praptèng sabrang wetan | mungsuh gênggêng katingal | Pangran Mangkunagarèki | sampun anata | dhadhane ing ajurit ||

3. nanging sandi gêlare ingan anamar | lêlurah saragêni | cêmêng kang kinarya | cêmêng sami dêdêgnya | lan sami sêpuhirèki | kinèn rasukan | kêstabang payung kuning ||

4. alancingan baludru brit renda êmas | bênting sinung pramati | sabusananira | nyêle lawan wong kathah | Kalawijaya namèki | kinèn angalap | salawe magêrsari ||

5. pêpangkone kawan atus ingkang dharat | prajurit nirbitèki | lawan gulang-gulang | sragêni tanuastra | miwah urunanirèki | saking prang tandang | saking sragêni abrit ||

6. saking sragni irêng miranggo urunan | saragni polèng bugis | sadaya urunan | wau Kalawijaya | angêdhangkrang payung kuning | dadi pangeran | anyar sarêng sakenjing ||

7. pangerane mundhut gônda tan karuwan | munggèng pangawat kering | Pangeran Purbaya | Pangran Mangkudiningrat | Tumênggung Pringgalayèki | Tumênggung Sura | Mangunjaya anunggil ||

8. ingkang kanan pangawat Kudanawarsa | lan Janingrat Matawis | myang Sumanagara | miwah Kartanagara | bupati môncanagari | kinarya timbang | kang rama gêlarnèki ||

9. ing wurine kang rama pan ragi têbah | pêtêng gabag kang baris | wau ta kang rama | wus matêng [ma...]

--- 8 ---

[...têng] rakitira | tan owah parentah wingi | pangawat kiwa | pra dipati pasisir ||

10. kang kêkalih nèng wuri awor rêmbatan | Arya Côndratrunèki | Kudus kasêpuhan | lawan Kudus kanoman | Arya Surasudirjèki | ingkang pangawat | ngarsa kapat bupati ||

11. Dêmak Radèn Tumênggung Wiranagara | lan Martanagarèki | Pathi Radèn Arya | Pêgatsari kalawan | nênggih Citradiwiryèki | Pangeran Nata | Kusuma wus miranti ||

12. kang nimbangi ing pangawat kananira | sang nata andhadhani | dragundêr ing ngarsa | wolung puluh tan kurang | pan dêr Pol ingkang nindhihi | putune Amral | Britman trah ing ngajurit ||

13. jalan kaki pitung puluh kering kanan | amung kang turanggèki | sapandêlêng babag | lêksan ingkang turôngga | sang nata amundhut kursi | lajêng pinarak | songsong kêkalih ngapit ||

14. dangu wawas-winawas durung umangsah | awit satêngah siji | pangeran parentah | dhadha dhingini mangsah | têngara bêndhe tinitir | tambur gumêrah | umyang kêndhang gong bèri ||

15. surak ramya kadya manêngkêr tri loka | ingkang apayung kuning | ginarêbêg wadya | magêrsari umangsah | gumuruh bêdhil-binêdhil | wong gulang-gulang | nirbita nunjang wani ||

16. wau Kaptin pan dêr Pol wus pinrentahan | iya anganti urdi | karêpe wong dharat | dragundêr aja lawan | yèn mantri jro durung mijil | têka mirea | ngadu wong dharat dhingin ||

17. wau

--- 9 ---

panunjange prajurit nirbita | gulang-gulang mangungkih | wau sri narendra | ngandika mring Sareyan | jalan kaki aja gipih | mêngko yèn pêdhak | bae drèlên dèn gipih ||

18. dèn bêdhili saking kuda mêksa nunjang | dragundêr mire sami | nisih ngalèr ngetan | mangamuk majêng samya | jalan kaki dèn abani | mèh kacêkuthak | gugup pangêdrèlnèki ||

19. drèl sapisan tan olih maksih anunjang | pinindho kanan kering | ingkang munggèng ngarsa | nirbita kathah pêjah | myang wong gulang-gulang sami | wus kathah pêjah | wong Tanuastra ngisis ||

20. anggulasah bosah-basih anggulasah | sang nata munggèng kursi | langkung sukanira | ngêdhangkrang sila tumpang | kang pindha pangeran mêksih | anrêgkên bala | payo amuk mangukih ||

21. nunjang malih samya mulat yèn sang nata | nindhihi jalan kaki | nèng kursi ngêdhangkrang | êsês asila tumpang | cangkelak anêmpuh bali | pating dhêradhas | ajrih ing sri bupati ||

22. sigra wau dragundêr ambujung samya | saking kuda bêdhili | saking kathah pêjah | mantri jro duk tumingal | kalingan desa gènnèki | sarêng umangsah | dragundêr dèn tadhahi ||

23. rame campuh dragundêr kêkalih pêjah | Lanas Kapitannèki | sinêrot tinunjang | mantri jro sami giwar | nanging gêlar undurnèki | dragundêr samya | dèn susul dèn timbali ||

24. aja bujung punika unduring gêlar | dragundêr dèn timbali | kèh dharat kapapag | pra samya pinistulan | Pangran Natakusumèki |

--- 10 ---

pangawat kanan | rame campuh ing jurit ||

25. aprang kuda Pangeran Natakusuma | rame bêdhil-binêdhil | Pangeran Purbaya | Pangran Mangkudiningrat | tinunjang sinêrot wani | kuwur barisnya | mungsuh kotbutèng jurit ||

26. Pangran Natakusuma prajuritira | pitung dasa tan luwih | samya pinilihan | sarêng nyumêthi kuda | pitung dasa nunjang wani | Pangran Purbaya | dhadhal kawur angisis ||

27. Pangran Mangkudiningrat kalulun dhadhal | kuwur tan môngga pulih | ing pangamukira | Pangran Natakusuma | sakancane pra dipati | kang tinindhihan | umangsah ambêk pati ||

28. baris Mangkunagaran pan sampun sêmpal | pangawate kang kering | pangawate kanan | Dipati Danawarsa | campuh lan wadya pasisir | Kudanawarsa | pangamuke angungkih ||

29. tinadhahan binendrongan ing sanjata | mêksa parêng angungkih | wong pasisir dhadhal | kuwur akuthèthèran | binujung dipun bêdhili | palajêngira | ngungsi wuri narpati ||

30. jalan kaki suwidak kang anèng wuntat | sigra tulung bêdhili | prajurit turôngga | sinôngga bêdhil dharat | nyênthak-nyênthak kudanèki | dadya anêbah | wau pangawat kering ||

31. Pangran Mangkudiningrat Pangran Purbaya | binujung sampun ngungsi | ing sawingkingira | Pangran Mangkunagara | songsong-sinongsong kaèksi | pangawatira | samya sêmpal kang kering ||

32. Pangran Mangkunagara têtulung namar | marang pangawat kering | mung kuda sadasa | mung malebat [ma...]

--- 11 ---

[...lebat] katingal | Pangran Natakusumèki | angawe kônca | kang malangi ing wuri ||

33. Rôngga prapta myang Radèn Suryanagara | nênggih sami anilib | bêkta batur nyanga | sapuluh punggawanya | wus awor pangeran sami | Natakusuma | parêng mangsah nadhahi ||

34. Pangran Mangkunagara kinandhang-kandhang | pra samya dèn pistuli | saking kering kanan | saking wuri nyanjata | nilap awor wadya malih | ngabani mangsah | surak gumuruh atri ||

35. nêmpuh malih ing dhadha kang tinarajang | mantri jro nunjang wani | mantri kawan dasa | ngilês panêmpuhira | Kapitan pan dêr Pol aglis | tadhah agagah | bakuh pêngkuh ngukuhi ||

36. kinapinjal pan dêr Pol pangêdrèlira | tan kêna dèn susupi | kinarutug dharat | pan dêr Pol gêlarira | mire merot ngalèr sami | mungsuh kang dharat | mungsuh ngarsa narpati ||

37. sigra jalan kaki satus kawan dasa | sungsun-sungsun ngêdrèli | rêmpah akèh pêjah | galasah kasulayah | langkung suka sri bupati | gumujêng ngakak | anggung angêntrog wêntis ||

38. ing pangawat kering ramya dènnya aprang | Tumênggung Dêmak kalih | pangirid umangsah | Radyan Wiranagara | Dêmak kidul lan mangungkih | angamuk rampak | mantri santana ngiring ||

39. tigang dasa nêngah tandange kotbuta | singa katrajang ngisis | wau kawistara | marang Kudanawarsa | asigra kapêthuk aglis | prajuritira | sèkêt sura kinanthi ||

40. sarêng pagut Dipati

--- 12 ---

Kudanawarsa | prajurite ngadhangi | Dyan Wiranagara | wuru anêmpuh nunjang | Kudanawarsa ngukuhi | angêmbat watang | lawungira kumitir ||

41. pagut ayun-ayunan Wiranagara | lan Kudanawarsèki | angancari watang | angling Kudanawarsa | sapa aranmu priyayi | mantri mêngko ta | hah si baludru abrit ||

42. anauri ya ingsun Tumênggung Dêmak | Wiranagara mami | iya sira sapa | dene kaya Gurêtna | iya ingsun iki patih | Kudanawarsa | Wiranagara bêdhil ||

43. bêdhil pistul Kudanawarsa tan kêna | pan arsa pining kalih | lumarap anumbak | wonge Kudanawarsa | lêlurah Mêrago aglis | Kudanawarsa | ginêbang lawungnèki ||

44. kapalêsat lawunge Kudanawarsa | sigra anyandhak aglis | pistul anyênjata | sigra wau kang prapta | têtulung pangran ngabèi | saprajuritnya | nunjang angidak wani ||

45. cinakuthak anggiwar Kudanawarsa | panêlak ing ngajurit | linut kasulasah | wau ta ingkang dharat | Pangran Mangkunagara glis | ngangsahkên dhadha | dènnya hir wanti-wanti ||

46. kumarêtêg wadya jro mangsah sadaya | mantri jro munggèng ngarsi | prang go pêrang tandang | polèng Bugis Tamtama | sragêni jro irêng abrit | surak gumêrah | sarêng nêmpuh mangungkih ||

47. dragundêre pan amung ngêdrèl sapisan | mire ngèrèk angering | sang nata parentah | jalan kaki mêncara | ngapinjala drèlirèki | campuh wurahan | lèr kidul sarêng ngungkih ||

--- 13 ---

48. ramening kang ayuda lir arga bêntar | rug suwaraning bêdhil | mariyêm tinundha | sapu lêbêt rontaka | kang katrajang kèh ngêmasi | miwah turôngga | katrajang kèh ngêmasi ||

49. samya tanggêl prajurit Mangkunagaran | manêmpuh ing Kumpêni | tan rêmpêg umangsah | kadya ta jalak makan | pakolèh dènnya nadhahi | drèlnya ngapinjal | tan kêna dèn susupi ||

50. ramening prang pukul satu kawitira | ing pukul lima maksih | wau Ki Dipatya | Kudanawarsa sigra | mangsah umatur mring gusti | paran punika | suwawi angunduri ||

51. datan kenging dèn ungkih rama paduka | dhasar kanthi Kumpêni | pan wadya paduka | sampun kathah kang risak | inggih suwawi ngunduri | kang pra dipatya | rêmpêg aturirèki ||

52. tinêngaran prajurit Mangkunagaran | sarêng undurirèki | wanci pukul lima | binêrêg tan atêbah | lajêng dhawah kang prang sapih | wau pangeran | undurira tan têbih ||

53. sawetaning Tugu pangeran barisnya | Tugu sri narapati | pasanggrahanira | nacahakên pêpêjah | mungsuh tigang atus nênggih | lan kawan dasa | pêpitu kang ngêmasi ||

54. dene rewang dragundêr kalih kang pêjah | sakawan wong pasisir | lan mantri pangarsa | siji tatu kewala | jalan kaki tatu kalih | mungsuh akathah | parentah sri bupati ||

55. tigasana dhase mungsuh ingkang padha | karyaa ing têtali | minôngka balabar | sirah padha canthèlna |

--- 14 ---

rinèntèng anèng têtali | nèng ara-ara | wus sami dèn tigasi ||

56. bangke tigang atus lawan kawan dasa | kinumpulakên sami | mring Singanagara | sigra wus pinacokan | rinèntèng munggèng têtali | sinungan cagak | anjirap ting guratil ||

57. langkung suka Sri Bupati Kabanaran | dalu sami nimbulinimbali. | upêsir sadaya | miwah kang pra dipatya | dhadharan sri narapati | lan rêrêmbagan | yèn wontên sêrat prapti ||

58. nênggih Mayor Ubristi nyuwun parentah | kêdah têtulung jurit | dêstun yèn uninga | prange Mangkunagara | sang nata badhe nuruti | prayoga papan | patêmon goning baris ||

59. pinaryoga ature kang pra dipatya | ing Garompol pan radin | lawan cêlak toya | sadaya sampun rêmbag | ing dalu datan kawarni | enjinge budhal | gêgaman ngasmarani ||

159. Asmaradana

1. gumêrah wadya lumaris | tan wontên kaliru prênah | sapraptanira Garompol | rinakit kang pasanggrahan | pinggir lèpèn lojinya | cêlak pasanggrahan prabu | pra bupati wus amapan ||

2. Pangran Mangkunagarèki | miyarsa kang rama budhal | mangidul dhatêng Garompol | manggihi Ubristi prapta | saking Lêmahirêngnya | sapalih gêgamanipun | Lêmahirêng kang binêkta ||

3. Pangran Mangkunagarèki | wangsul mring Tugu barisnya | wadya kang sami kapatèn | ing kadang anak lan bapa | kang samya tinigasan | samya pinanggih ginantung | sampun sami

--- 15 ---

pinêndhêtan ||

4. ingkang tanpa kadang sami | bojone ingkang anggawa | kasusu amung sirahe | ingkang ginendhong kewala | dening kasusunira | wontên dêdamêl kadulu | saking kidul songsong pêthak ||

5. Pangran Natakusumèki | kalih atus prajuritnya | lêlangi baris têgêse | nanging dhasare dêladag | mrêpêki mungsuh lêksan | Pangran Mangkunagarèku | rêmbage angidul enggal ||

6. baris Lêmahirêng mangkin | tinilar mring Ubristinya | amung kantun Istimolor | miwah kang para dipatya | sapalih kang binêkta | Yudanagara kang tumut | lawan kancane sadaya ||

7. Mangkuyuda ingkang kari | lan Tumênggung Natayuda | Tumênggung Wiradigdane | Tumênggung Jayasudarga | Pangran Mangkunagara | arsa narombol mangidul | ing Lêmahirêng ginêcak ||

8. budhal saking Sukawati | Pangeran Mangkunagara | Lêmahirêng tinarombol | ing marga sadalu prapta | byar praptèng pamondhokan | Kumpêni kagyat anambur | dèn nyana yèn mungsuh prapta ||

9. Istimolor angundhangi | pra dipati pangawatnya | Tumênggung Mangkuyudane | kang munggèng pangawat kiwa | êlèr kilèn barisnya | nganthi Jayanagarèku | kalawan Wiranagara ||

10. kang munggèng kananirèki | Ki Tumênggung Wiradigda | Tumênggung Natayudane | Tumênggung Jayasudarga | kiduling pamondhokan | mungsuh ingkang anèng kidul | Pangeran Arya Purbaya ||

11. kang

--- 16 ---

sami munggèng ing kering | lan Pangeran Pakuningrat | kang lèr Kudanawarsane | pangeran kang munggèng dhadha | pangawat kiwa mangsah | Kudanawarsa kang nêmpuh | Ki Tumênggung Mangkuyuda ||

12. bakuh dènira nadhahi | Ngabèi Jayanagara | lawan Wiranagarane | sêsabêtira ngayuda | turôngga wolung dasa | kêras ing prang bagus-bagus | akuwêl dènira yuda ||

13. Tumênggung Mangkuyudèki | têtulung sabalanira | Ki Ngabèi Jaindrane | amapagakên sanjata | marang Ki Mangkuyuda | ana lambunge gumêblug | tinêkêm panyana pasah ||

14. Jayanagara udani | tuwin Ki Wiranagara | wruh tumênggung pandhêkune | dupi cêlak Janagara | têkêmira binuka | botên pasah nanging bintul | Ki Tumênggung Mangkuyuda ||

15. anggagrak umangsah aglis | payo kulup Janagara | tunjangên aja angrowès | payo amah aja taha | Si Badhèk yèn matia | têka ing sira sirèku | sayêkti dadi wadana ||

16. sigra anyêrodanyêrot. ing jurit | prajurit Kamangkuyudan | Kudanawarsa nganglèwèr | ing dhadha pangeran mangsah | kidul sami umangsah | aramya surak gumuruh | kadya ombak nêmu parang ||

17. pangeran angatag sami | prajurit jro kinèn mangsah | Kumpêni Dhepok angêdrèl | saking lêbêt pamondhokan | pan dèrèng atrap jôngga | mantri lurah patang puluh | Ki Ngabèi Murmajaya ||

18. kalojok pangamuknèki |

--- 17 ---

kalingkung Kumpêni Islam | Murmajaya wus rinampog | mati jroning pabitingan | mawur kancane giras | malêdug datan binujung | pangeran sampun nênêbah ||

19. ingkang kidul rame jurit | lan Pangeran Pakuningrat | tinadhahan aprang lèrès | tan wontên purun nusupa | wau dènira yuda | dèn mariyêm kawur-kawur | tan wontên sagêd nyêlaka ||

20. kêmput bêbungasing kardi | dèn mariyêm tundha-tundha | sinusun-susun sinêntor | mire anêbih malawang | pangeran langkung duka | miwah yudane kang kidul | tinadhahan sami Jawa ||

21. têka nora bisa pêthil | katog Paman Purubaya | bênêr kang raka dukane | dêstun yèn jago godhogan | aprang lan Arungbinang | salawase dèn bêbujung | tan kobêr unggul sadina ||

22. binantonan polèng Bugis | kang bantoni anêrajang | kang binantonan jêdhodhog | Pangeran Mangkunagara | langkung kaku tyasira | aprang pijêr ting palinguk | pangeran têngara bubar ||

23. angidul sawadyanèki | ngaladana ngidul ngetan | ing pukul tiga budhale | anjog sakidul Majasta | kèndêl apêparentah | kinèn mangsah maju riwuk | prajurit samya urunan ||

24. ngangsahakên riwuk sami | nanging tan wontên rinasa | kaponthal saênggèn-ênggèn | Pangeran Mangkunagara | lajêng ing lampahira | prapta ing Burêng kêkuwu | sawadyanira jro samya ||

25. kang tinilar ngandhap wukir |

--- 18 ---

Dipati Kudanawarsa | nèng urut Taman barise | kinanthi môncanagara | Pangran Mangkudipura | sakancane pra Tumênggung | kang abaris urut Taman ||

26. Pangran Mangkuningrat mangkin | agung dènira kadukan | mring kang raka dene prange | katog alèrès kewala | Pangeran Pakuningrat | balêbêgên ing pangrungu | dadya minggat mring Pacitan ||

27. kaku tyase sèdhèng batin | kang raka agung dêduka | dènnya kesah sabalane | sapraptanira Pacitan | badhe ngaturi sêrat | mring kang rama sang aprabu | nungkul atur pêjah gêsang ||

28. kang raka miyarsa warti | saking Mas Surawilaga | ingkang rayi prihatine | kalangkung-langkung gêng susah | bêrasah arsa kesah | kang raka kalangkung gugup | kang Paman Pangran Purbaya ||

29. kang tinuduh animbali | lan Tumênggung Pringgalaya | sampun mêsat sawadyane | sapraptanira Pacitan | panggih lawan kang putra | dhinawuhan ing pitutur | timbalan sarta pangrêpa ||

30. lan kang paman anangguhi | banjura dukaning raka | Pangran Pakuningrat rèrèh | tinanggung marang kang paman | Pangeran Purubaya | sigra undhang dandan tumut | wus budhal saking Pacitan ||

31. sapraptane Burêng nênggih | lajêng binêktèng ngayunan | dupi prapta ing ngarsane | kang raka lajêng karuna | Pangeran Mangkuningrat | Pangran Mangkunagarèku | tumênga anênggak waspa ||

32. kunêng kang rêngat wus pulih | Lêmahirêng kawuwusa | nênggih Mayor Istimolor | anglampahakên [anglampahakê...]

--- 19 ---

[...n] laragan | mukul Kudanawarsa | lêt sadalu tigang dalu | arame dènira yuda ||

33. mayor pêparentah malih | andhêsêk Kudanawarsa | karya parupak barise | angingkud jajahanira | Patih Kudanawarsa | Litnan BemanBritman. kang tinuduh | pacak baris gunung Maja ||

34. tigang dasa jalan kaki | dragundêre salawe prah | pan wêwolu satabêle | mariyêmipun têtiga | mantri jawi sakawan | kalima têtindhihipun | Surakarta Pamasaran ||

110. Dhusun Giyanti dipun rakit kados kitha badhe kangge palihan nagari

35. kunêng gantya kang winarni | wau ingkang pêpanggihan | pasanggrahan ing Garompol | Mayor Ubristi kalawan | Susunan Kabanaran | Mayor Ubristi kalangkung | dènnya manggih sukarêna ||

36. saking pawartinirèki | upêsir kang pinariksa | Kapitan Dongkêl pan dêr Pol | pratingkahira ing yuda | Susunan Kabanaran | mantêpe santosanipun | alah tinindhihan amral ||

37. anindhihi jalan kaki | enak nèng kursi alênggah | mêngsah nêrod tan kumêdhèp | pantês yèn apêparentah | marentahakên gêlar | asih mring kawulanipun | ingkang sami tinindhihan ||

38. sagung kang bala Kumpêni | ingkang sami tinindhihan | tan wruh rêmuka balunge | kêpala dadia papat | tan garêntês samêrang | dene senapati [sena...]

--- 20 ---

[...pati] tangguh | asih angeman ing bala ||

39. Mayor Ubristi nulisi | mring Susunan Kabanaran | ing ayuda pratingkahe | wignyane angadu laga | myang patitising gêlar | tan mindho parentahipun | sasolahe nèng paprangan ||

40. yèn têdhak saking ing kursi | jalan kaki inginuman | sagêlas linarèhake | ing sajroning bêbêdhilan | ngadêg ngungkurkên mêngsah | myarsa eram Mayor Ubrus | agunganggung. agoyang kêpala ||

41. mantêpe bala Kumpêni | aprang alah tinindhihan | patang amral pitung mayor | sadaya wus manjing surat | ya ta apirêmbagan | sang nata lan Mayor Ubrus | badhe mingsêr pasanggrahan ||

42. padhusunan ing Giyanti | kang sinambut pra dipatya | rinakit kutha kêkojor | korine bumi mêrapat | nanging ngilèn ajêngnya | kilèn gèning alun-alun | lor kidul lèpèn gumuntang ||

43. wus dadi atur upêksi | kang samya anambut karya | sêroja pagêre jaro | tatah sanga jinêjêtan | ing êduk kopyokira | masjide agêng amunggul | kadya raras roning kamal ||

160. Sinom

1. sang nata têngara budhal | saking tanah Sukawati | wadya lir giri puspita | miwah kang bala Kumpêni | andhêndhêng barisnèki | kadya mêndhung angêndhanu | manawung ôndakara | sapraptanira Giyanti | sri narendra manjing kadhaton wangunan ||

2. bala Kumpêni pinrênah | pakuwon [pakuwo...]

--- 21 ---

[...n] amindha loji | petoranira gumawang | sinungan panggung tulyasri | loji langkung prayogi | suka ing tyas Mayor Ubrus | panggènan upêsirnya | ginêntha binilik-bilik | pra dipati rakit pakuwon mrih papan ||

3. parentah karya pangarsa | pra dipati sami gilir | kalih bupati pinôngka | manggala pangarêp baris | Tumênggung Brajamusthi | Tumênggung Jayaratèku | lawan mantri sadasa | mantri têlukan sapalih | mantrinira Pangeran Mangkunagara ||

4. Ngabèi Jayatalpita | miwah Jayalêksanèki | Ngabèi Jayasêngara | Ngabèi Jayatirtèki | tuwin Jayapralanggi | Ngabèi Jayawinangun | pacak baris canthilan | suyud dhusun kanan kering | wus kaingkud rupêk jajahaning mêngsah ||

5. têpung lawan barisira | pangajêng Surakartèki | Lêmahirêng lan jajahan | ing Tangkisan goning baris | barisibarising. mungsuh sami | kang anèng Taman wus mundur | Dipati Danawarsa | miwah wong môncanagari | kèndêl baris anèng Laroh undurira ||

6. kasaput agênging jawah | kèndêl wau kang ajurit | Dipati Kudanawarsa | atur uninga mring gusti | mêngsah sami mrêpêki | paran mênggah ing pukulun | sagung kang pra dipatya | môncanagara pra sami | ingumbara mindhak lindhunging ayuda ||

7. ature Kudanawarsa | ing mangke môncanagari | ing Madiun Pranaraga | misih rame dènnya jurit | bupatinipun nênggih | rama paduka sang prabu | samya ngêlar jajahan |

--- 22 ---

punika lamun suwawi | tinindhihan antuke Mangkudipura ||

8. inggih bupati satunggal | pun Suramangunjayèki | pun Ngabèi Jayakrêndha | pun Sindukalangan malih | pangeran anglilani | sampun budhal lampahipun | Pangran Mangkudipura | wuwusên baris kang kari | baris Burêng Pangeran Mangkunagara ||

9. inggih kaparagkaparak. wêwêlak | apan pagêblug turanggi | andina-dina turôngga | atusan ingkang ngêmasi | tan kêna dèn sayuti | esuk sore ting gadêbug | miris ingkang tumingal | barising mungsuh basuki | datan wontên ingkang pagêring turôngga ||

10. ya ta wau pirêmbagan | Kudanawarsa Dipati | matur Pangeran Purbaya | miraga anyênyêmoni | bandara kadipundi | karsa paduka satuhu | prajurit sampun risak | pagêblug turôngga mangkin | baris mêngsah sami basuki kudanya ||

11. amung ing ngriki kewala | ingkang pagêblug turanggi | yêkti punika wilalat | saking rakanta sang aji | atusan kuda mati | sabên dina ting gadêbug | punika pan pratela | wus kacêtha ngiladuni | wilalate Sang Natèng Giyantipura ||

12. bêndara raka paduka | Sang Aprabu ing Giyanti | bapa saduluring bapa | ing sayêkti amalati | wong agung tyase êning | tur sawantah ambêk tuhu | yêkti cêlak ing suksma | ngriki tan wontên nimbangi | mung kang wontên lêlonyotan gêgêculan ||

13. pucêt netyane sakala | Pangeran Purbaya myarsi | angrasa yèn sinêmonan | marang

--- 23 ---

Kudanawarsèki | duk wite bêlah nguni | lan kang rama sang aprabu | Pangeran Purubaya | ingkang saguh anadhahi | wilalate Kang Raka Giyantipura ||

14. umatur Kudanawarsa | mring Pangeran Purbayèki | mangke paduka ngandikan | mring putra tuwan jêng gusti | lamun wontêna kardi | sapuniki tiwasipun | prajurit tanpa kuda | pan botên kantun sapalih | sapêrtigan punika kathah kang pêjah ||

15. wau Pangeran Purbaya | manjing pasanggrahan aglis | wus panggih lawan kang putra | matur Pangran Purbayèki | pun kaki wontên jawi | Kudanawarsa turipun | têkiyar ngalih papan | dhatêng ing môncanagari | pradandanan nênggih tumpêsing turôngga ||

16. alon pangandikanira | Pangran Mangkunagarèki | inggih salêrêse paman | kula mangkin tanpa galih | agêm kula kêkalih | kapal pun Gurnita lampus | kalawan pun Jêmunak | sami pêjah tanpa sakit | kula nurut samangke angoncatana ||

17. Dipati Kudanawarsa | ingandikan praptèng ngarsi | pangeran alon ngandika | paran wartaning Giyanti | Danawarsa wotsari | dêlèr badhe praptanipun | ingkang malih nagara | Gupêrnur Nikolas Harting | sêsampune palêsta malih nêgara ||

18. pawarti ngalih pêparab | rama paduka sang aji | kithane Giyantipura | nama Prabu Drêmayêkti | rayi tuwan sang aji | ing Surakarta pukulun | kithane Tunggarana | Mraja Kusumayudèki |

--- 24 ---

pan ing tunggon kang winastan Tunggarana ||

19. kitha kêkalih kinêmbar | wetan bêngawan Sêmanggi | ing Giyanti Tunggarana | ing wêcane tanah Jawi | yèn wus ratu kêkalih | sami nunggil kithanipun | Giyanti Tunggarana | sami sawetan bênawi | prakosane mulih alam Brawijaya ||

20. kumpulipun tanah Jawa | dhatêng ing ratu kêkalih | nadyan Bali Balambangan | Sêmbawa Makasar Bugis | ing Bandar Banjarmasin | ngilèn Bantên tanah Lampung | ing Siak Sokadhana | Palembang Johor Patani | sami sowan mring Giyanti Tunggarana ||

21. Sang Prabu Kusumayuda | miwah Prabu Drêmayêkti | pulunan kalawan paman | kalihe ratu prajurit | kèdhêp ing para aji | ratu sabrang kathah nungkul | Pangran Mangkunagara | wau kalane miyarsi | ing ature Dipati Kudanawarsa ||

22. ing Kêdhu Pagêlèn benjang | mantuk Pamajêgan malih | Pangeran Mangkunagara | kaduwung solahirèki | dènira bêngkalahi | mring kang rama sang aprabu | mangkana tan winarna | wadyagung wus dèn undhangi | budhal saking Burêng dhatêng Pranaraga ||

23. ing marga tan kawursita | sapraptaning Pranaragi | kêndèl dhusun ing Dêmalang | wadya kang dadya pangarsi | kèndêl kapêthuk jurit | Surabrata barisipun | wontên ing Nôngkadana | arame dènira jurit | pan kabêrêg pangajêng Mangkunagaran ||

24. binujung kathah kang pêjah | katur pangeranirèki | yèn Surabrata mêthuk prang | kilèn kutha pacak baris |

--- 25 ---

wontên sèwu turanggi | Surabrata wadyanipun | malah ta tinindhihan | mantri saking ing Giyanti | mung satunggal nama Prawiradipura ||

25. Pangeran Mangkunagara | duk miyarsa langkung runtik | sigra atêngara budhal | pangran angawaki jurit | pangarsane kèh mati | Surabrata ambêbujung | kapêthuk ing pangeran | amapan nêdya nadhahi | prang sakêdhap karoban ngèrèk lumajar ||

26. binujung praptèng jro kutha | pangeran tansah angusir | Surabrata ngèrèk ngetan | wetan kitha rèrèn aglis | pangeran anututi | Surabrata mring wanagung | Pangran Mangkunagara | sadintên kèndêlirèki | wetan kitha nèng Tirêm pakuwonira ||

27. sampun angsal tigang dina | nèng dhusun Tirêm abaris | sadintên saking ing kitha | Pangeran Purubayèki | kang tinuduh ngantuni | lan kêkalih pra tumênggung | prajurit jro binêktan | Mêranggo Polèng lan Bugis | saragni rêng kalih atus pan sadaya ||

28. nênggih kinèn angungsira | marang ing Surabratèki | sira wau jêng pangeran | têngara budhal tumuli | lan sawadya prajurit | Kudanawarsa tan kantun | lan sagung pra dipatya | wangsul ngilèn kitha malih | masanggrahan wontên dhusun ing Mamênang ||

29. Pangeran Madiun prapta | lan Suramangunjayèki | ing Madiun dèrèng bêdhah | tuwin Pamagêtan maksih | pra sami dèn tindhihi | nyatunggal mantri jronipun | pangeran pêparentah | Kudanawarsa tinuding |

--- 26 ---

anggêcaka ing Madiun Pamagêtan ||

30. budhal saking ing Mamênang | Pangran Madiun dèn irid | Dipati Kudanawarsa | mungsuh Madiun miyarsi | kalamun dèn andhêgi | rêmbag sami mundur alus | ngumpul mring Jagaraga | Mangkudipura wus ngancik | ing Madiun Dipati Kudanawarsa ||

31. budhal wangsul mring Mamênang | praptèng ngarsatur udani | pangeran kalangkung suka | wau Janingrat Matawis | nênggih kesah ing wêngi | kantun kêdhik rencangipun | kapalan tigang dasa | mung kari santananèki | inggatira nusup-nusup maring wana ||

32. ing solah tan kawuwusa | sapraptanirèng Giyanti | anjujug pakuwonira | Pangran Natakusumèki | katur ing Sri Bupati | Jayaningrat praptanipun | nungkule tinarima | tobat datan malih-malih | atilara ing suku sri naranata ||

33. pinarnah pakuwonira | lêt sapêkên kathah prapti | santanane ing Mataram | kang ngluruh akathah prapti | kadi lamun kinêthik | kêkapalan kalih atus | akathah ingkang dharat | sampun agatra bupati | Adipati Jayaningrat ing Mataram ||

111. Kêpyakan jumênêng Sultan

34. wau ta sampun raharja | pasanggrahan ing Giyanti | pan sampun dadi nagara | têtiyang akathah prapti | mangkana kalih sasi | ngadêg pawatanganipun | nanging songkok kewala | nyêle [nyê...]

--- 27 ---

[...le] lamun wong pasisir | para pantri pan sampun tumut sadaya ||

35. nanging têlakup kewala | wong pasisir pra dipati | ingkang dadya gêgujêngan | yèn watang wadya pasisir | wau ta kang winarni | wontên surate Gupêrnur | Idêlèr ing Samarang | Dhirèktur Nikolas Harting | badhe prapta ingkang amalih nagara ||

36. Rabingulakir kaping pat | angkate saking Samawis | ambêkta pasisir kathah | kang pra dipati kinêrig | kang sami pacak baris | Banyumas Pagêlèn Kêdhu | Tumênggung Arungbinang | wus prapta Surakartèki | duk samana Sang Aprabu Surakarta ||

37. sawêg pra sami dangdanan | sagung kapraboning jurit | waos kalawan sanjata | kang anyêpêng wus rinakit | panumbak saragêni | ingkang abdi patang puluh | kalih atus samana | saragêni norapati | kalih atus gêgamane dèrèng dadya ||

38. Namèngyuda Kawetanan | nênggih kalih atus malih | amung nêmatus sadaya | tamtama kalih dasèki | katanggung kalih dèsi | rare-rare sadayèku | waos cêmêng sadaya | kalih dasa kang wus dadi | ponthang pitu mas limang reyal satumbak ||

39. katanggunge kalih dasa | asikêp sanjata karbin | waos benang wolung dasa | punika kang lagya dadi | wong patang puluh sami | kang darbe cêkêlanipun | mangkana praptanira | Idêlèr Nikolas Harting | ing Rabingulakir kaping wolu tanggal ||

40. pasanggrahan Pamêthukan | Garêmêt salèring [salèr...]

--- 28 ---

[...ing] margi | Adipati Pringgalaya | kang mêthuk ing Bayalali | sang nata mêthuk enjing | wadya rinakit ing laku | ing besuk aja owah | lamun patêmon Giyanti | pinilihan kang asikêp waos benang ||

41. sang nata ngriyini prapta | Garêmêt salèring margi | wadya rakite rinowa | ngubêngi taratag sami | saragni dorapati | akapang kalangan kêpung | lawan wong Namèngyuda | linarik anganan ngering | patang puluh kang maksih anèng ngajêngan ||

42. tan adangu praptanira | Gupêrnur Nikolas Harting | sang nata têdhak sung kurmat | kikising têratag nênggih | panggih tabean aglis | pra sami rangkul-rinangkul | acêciuman jôngga | wus dangu sami alinggih | Idlèr Harting umatur kadya sarkara ||

161. Dhandhanggula

1. kadipundi rama padukaji | gènipun prang ing Tugu punika | ing pawarti langkung rame | ngandika sang aprabu | inggih èstu ramening jurit | wonge Mangkunagara | akathah kang lampus | tigang atus kawan dasa | dènira prang awit ing satêngah kalih | satêngah nêm bubarnya ||

2. paman wonge akêdhik kang mati | mung dragundêr kêkalih kang pêjah | mati papat wong Jawane | satunggil ingkang tatu | jalan kaki tatu kêkalih | langkung ramening yuda | riwut siwat-siwut | paman salêbêting aprang | karêmêne anindhihi jalan kaki | munggèng kursi kewala ||

3. sakawone prang Patugu nênggih | lajêng Istimolor kang ginêcak |

--- 29 ---

amrih kang tipis sêdyane | katanggor akèh lampus | mangke tuwan sampun anêbih | wontên ing Pranaraga | mangke ênggènipun | idêlèr langkung sukanya | inggih benjing ginawe sirna tumuli | Mangkunagara nakal ||

4. rama tuwan dutanipun lami | nèng Samarang Pangran Pakuningrat | sarêng kula lan lampahe | kadi lajua wau | Pakuningrat dhatêng Giyanti | tuture kula tanggap | nguni kawonipun | duk aprang nèng Pranaraga | wong kangèlan ora mangan ora guling | banjur ingadu aprang ||

5. pasthi kalah sasat mungsuh jisim | iya masthi cape barang tingkah | wus kaping tiga larihe | lajêng ing budhalipun | sakareta lawan sang aji | sapraptanirèng pura | dêlèr langkung ngungun | dene tan sipat kadhatyan | wangunane bêcik wismaning bupati | idêlèr atêtanya ||

6. kadhatone rama tuwan swargi | nulya sang nata kêkanthèn asta | binêkta ngilèn idêlèr | tilas kadhaton agung | langkung ngungun dêlèr sarya ngling | puniku langkung sayang | benjing sang aprabu | nuntên inggih binaikan | nuntên tuwan inggih ngadhaton ing ngriki | sang nata manthuk sagah ||

7. nuntên sami wangsul ngilèn malih | dêlèr tan dangu gya pamit mêdal | marang loji pakuwone | enjinge sang aprabu | anêdhaki marang ing loji | sadina akasukan | dêlèr aturipun | binêkta ngantor sang nata | linairkên sabarang pratingkahnèki | sang nata sampun susah ||

8. lêlakoning [lêla...]

--- 30 ---

[...koning] mênggah tanah Jawi | karsaning Hyang kang akarya titah | ginawe roro suryane | inggih sadèrèngipun | pêpancène sampun kinardi | Kumpêni dènira prang | kawan wêlas taun | tanah Jawa nora rata | pirang-pirang kêthi beyaning ajurit | pêpati langkung kathah ||

9. datan kêni pinrih ing ajurit | Mangkubumi karsaning Hyang Suksma | kang dèrèng anglilakake | rinoban ing prangipun | kinarutug mêksa tan kêni | malah akathah tiwas | inggih milanipun | Kumpêni sami angrasa | Mangkubumi samangke darbèni eling | milane piniara ||

10. parandene sami trah Matawis | dede tiyang Bali Balambangan | datan pantêsa ingangge | punika ta yèn patut | gêgêntining bapa sayêkti | kula yèn sampun prapta | nèng ngriki nêmdalu | kula inggih nuntên mangkat | ngadêgakên ing rama tuwan sang aji | wontên Giyantipura ||

11. inggih ngenjing nuntên tuwan panggih | lawan rama tuwan mêmanguna | ing tanah-tanah barang rèh | sang nata sagahipun | luwih bêcik inggih pêpanggih | dhasare wong atuwa | mangkana sang prabu | ing pukul satêngah sanga | kundurira Abraham sigra angiring | ngatêr kondur jro pura ||

12. wusnya ngadhaton sri narapati | wangsul Yan Hindrik Johan Abraham | datan kawarna solahe | jangkêpipun nêmdalu | wau Dêlèr Nikolas Harting | manjing pura pamitan | kalawan anuwun | Adipati Pringgalaya |

--- 31 ---

lawan inggih sakancane pra dipati | kabèh samya tumuta ||

13. Pringgalaya kang dadosa wakil | lan bêktaa surat padukendra | angadêgi ing adêge | ing rama tuwan prabu | sang narendra sampun nglilani | lajêng sawêdalira | saking ing kadhatun | laju wau lampahira | saha bala Idêlèr Nikolas Harting | Dipati Pringgalaya ||

14. sakancane kang para dipati | munggèng wuri dêlèr lampahira | gumuruh wadya gora rèh | gantya ingkang kawuwus | siyagane wadya Giyanti | sampun pinatah-patah | kang badhe amêthuk | Pangeran Natakusuma | miwah kanthi Dipati Suryanagari | lan Janingrat Mataram ||

15. pamêthuke wetan Jatisari | wau Sang Natèng Giyantipura | garwa kang mudhêng gêrahe | dèn ayu lor puniku | tinirahkên Surakartèki | nèng petor lojinira | dadya kang pinundhut | karyane arsa tamiyan | ingkang rayi Dèn Ayu Yudanagari | kang bawani saosan ||

16. mratikêlkên ing sugata tami | ingkang rayi Dèn Ayu Banyumas | pinasrahan sakalire | wau ta kang amêthuk | Jatisari sampun apanggih | Pangran Natakusuma | têtabean sampun | Dipati Suryanagara | myang Dipati Jayaningrat ing Matawis | wus sami têtabean ||

17. tanyaris Dêlèr Nikolas Harting | marang Dipati Suryanagara | iki ta sapa arane | ingsun durung andulu | kancanira kang pra dipati | angling Suryanagara |

--- 32 ---

hèh tuwan puniku | Adipati Jayaningrat | ing Mataram salamine kanthinèki | Pangran Mangkunagara ||

18. mangke praptane anungkul malih | kapok tumut ing Mangkunagaran | dêlèr mèsêm atêtakèn | lawas praptanirèku | iya pira lawase mangkin | pisahira kalawan | Mangkunagarèku | Janingrat lon saurira | botên lami tuwan duk satêngah sasi | dêlèr malih têtanya ||

19. pisahira iya ana ngêndi | lawan iya gawa bala pira | inggatmu ngumpul marene | kapalan kalih atus | kesah kula nèng Pranaragi | wontên dhusun Mamênang | pangran kuwunipun | idêlèr malih angucap | ya mangkono bupati tuwa sirèki | aja milu wong nakal ||

20. nulya budhal saking Jatisari | kawuwusa sang nata putusan | anusul ing pamêthuke | kang putra kalihipun | nênggih wau pangran dipati | pangran ngabèi lawan | katri Mayor Ubrus | mêthuk dhusun Karanganyar | bêkta baris sêsiyung dènnya ngurmati | nèng dhusun Karanganyar ||

21. sapraptane drèle angurmati | têtabean pangran kalih pisan | cêciuman ing janggane | anulya Mayor Ubrus | têtabean Nikolas Harting | tan dangu budhalira | angetan kadulu | baris anggênggêng anggabag | duk tumingal Dhirèktur Nikolas Harting | nolih sarwi angucap ||

22. dalanane iya Mangkubumi | pira lawase nèng Padagangan | nora sêmene [sême...]

--- 33 ---

[...ne] barise | pacandhi pusêripun | pan wus tikêl sapuluh mangkin | waris têmên wong ika | dènnya kinalulut | ya maring manusa Jawa | sigra wau lampahira sampun manjing | baris urung-urungnya ||

23. idlèr anggung nolih nganan ngering | eram saking kathahing gêgaman | wus têdhak saking kudane | êdrèl kadya gumuntur | sri narendra amêthuk aglis | sajabaning taratag | têtabean sampun | rangkul-rinangkul sawusnya | sami ngaras-ingaras kang jôngga iring | lajêng binêkta lênggah ||

24. dêlèr matur tabenipun nênggih | eyang paduka gurnadur jendral | sagung rad pên indiane | katura ing sang prabu | lawan salamipun sêkalir | lan sagung kang pandonga | ramanta puniku | Kangjêng Tuwan Sarib Bêsar | sakalangkung cipta Tuwan Sèh Ibrahim | mêdhot onênging driya ||

25. ngrêntahakên waspa Sèh Ibrahim | mantukipun dhatêng Rum Turkiyah | kadya dhinaut prayane | kataman sila lulut | kawilêt ing wardaya wrêdi | wasnya wutah mawantah | toh ing yun kayungyun | driya kewran kawarahan | ing ima pan kang môngka diwangkarani | wartane dutaning Hyang ||

26. duk miyarsa waspanya ngambêngi | wau Sang Prabu Giyantipura | myarsa kang rama layare | kondur dhatêng nagri Rum | wau Dêlèr Nikolas Harting | marcayakakên marang | putranira prabu | putra tuwan Surakarta | pêpatihe cinundhaka môngka wakil | Dipati Pringgalaya ||

27. lawan [la...]

--- 34 ---

[...wan] kathah ingkang pra dipati | ingkang sami wontên pabarisan | kula bêkta sadayane | ngandika sang aprabu | iki dêlèr kasompok mami | saru yèn sun irasa | dutane nak prabu | sira dhingin makuwona | Si Dipati Pringgalaya lawan malih | kancane pra wadana ||

28. iya padha makuwona dhingin | besuk esuk iya abarênga | lan dêlèr seje kurmate | surate anak prabu | ingsun rêngga padha narpati | idlèr pamit pinarnah | mring pakuwonipun | lêlojèn wetan kadhatyan | Adipati Pringgalaya dèn saosi | pakuwon wus amrênah ||

29. kumpul sagunging kang pra dipati | sakiduling loji prênahira | marik-marik pinggir lèpèn | lèpèn ing Badawaluh | ing Giyanti kapit ing kali | kali Samin lèrira | Badawaluh kidul | ing têngah kunggahan wangan | wangan anjog pasanggrahan maratani | papan lir pamidhangan ||

30. enjing Gupêrnur Nikolas Harting | lawan Adipati Pringgalaya | pangran dipati kinèngkèn | kalawan arinipun | ingkang nama pangran ngabèi | animbali Nikolas | Harting malihipun | Adipati Pringgalaya | barung kurmat kinêrig sagung prajurit | amangun baris kurmat ||

31. ngalun-alun baris amênuhi | Idlèr Nikolas Harting kalawan | Dipati Pringgalayane | munya drèl langkungipun | wadyabala miwah Kumpêni | lajêng ing lêbêtira | kang ngiring [ngi...]

--- 35 ---

[...ring] alaju | jêng pangran ngabèi lawan | ingkang raka nênggih pangeran dipati | dadya lajêng sadaya ||

32. sri narendra mêthuk ing taritis | kinanthi idlèr binêkta lênggah | Dipati Pringgalayane | inganthukan gya laju | ngaturakên suratirèki | sang nata sigra têdhak | ngarsèng dhamparipun | dènira nampèni surat | lênggah malih bukak srat sinuksmèng galih | bêbukane kang surat ||

33. kaatura ingkang môngka taklim | putranta prabu ing Surakarta | katur ing paman wiyose | kulatur sukèng kalbu | rèhning paman saking ajurit | rinêksèng Hyang jroning prang | raharja prangipun | panêdha kawula suksma | mugi-mugi paman tulusa basuki | samadyaning ngalaga ||

34. kaping kalih paman kula nuding | nênggih pun Dipati Pringgalaya | lan bupati sakancane | sarêng lan pun gupêrnur | wakil kula pun Adipati | Pringgalaya punika | ngèstrèni kaprabun | inggih adêgipun paman | narapati wus titi pamaosnèki | kurmat drèl lan mriyêmnya ||

35. nulya idlèr aturira aris | lah punika mênggah pêpalihan | kula sumôngga ing mangke | pan pun Pringgalayèku | angladosi ing sakarsaji | sang nata angandika | lah gampang wong mandum | balik kakang prajangjean | ingkang êndi kang kanggo karsaning Kumpni | tuwan idlèr turira ||

36. inggih ingkang lêstari anênggih | prajangjean ing rama paduka | pan punika ingkang kangge | raka paduka prabu | kang sumare [su...]

--- 36 ---

[...mare] Nglawiyan nguni | langkung saking prayoga | kangge kalih ratu | ingaras sampun prayoga | ing pangraos kawula tan wontên malih | sang nata angandika ||

37. sarwi mèsêm èsmunira gigit | netra andik dènira ngandika | tajêm taraping netrane | idlèr panjaluk ingsun | karo ratu ingsun tan apti | yèn têmên-têmên iya | Kumpêni maringsun | ingsun mundhut prajangjean | swargi eyang Susunan Pakubwanèki | yèn ora tinurutan ||

38. tuwan idlèr ngrêrêpa turnèki | dhuh pukulun yèn mênggah tur kula | tuwan lampahi samangke | gampil panginggilipun | duk miyarsa kalangkung runtik | nanging ta sinasaban | ing netya sinamun | mèsêm dènira ngandika | aku mono dêlèr wong agampang gampil | tan bisa rêrubêdan ||

39. nadyan silih arêp tômpa bumi | lamun kang ati durung kapenak | nora katêkan ciptane | pira laraning lampus | apan ingsun wus tau miskin | tau alas-alasan | windon tanpa dunung | mêngkono bae yèn ingwang | sida wurung pan iya padha samangkin | lan priye Pringgalaya ||

40. Pringgalaya tumungkul wotsari | rêrêp sirêp jroning pasamuan | anon sang nata sêmune | ing tyas duka kalangkung | ing talingan katingal abrit | gilir laraping netra | pratôndha yèn bêndu | Nikolas Harting wus pucat | netyanira Kapitan Dongkêl wus [wu...]

--- 37 ---

[...s] prapti | matur kadya karuna ||

41. angrêpèpèh sagêd ngambil galih | dêlèrira kinèn asêmaya | mikir ing sadalu mangke | sigra dêlèr umatur | angrêrêpa langkung minta sih | anuwun pangaksama | inggih ing sadalu | mangke kawula kenginga | sri narendra manthuk kewala tan angling | eram sagung kang mulat ||

42. ing têgêse sarta angantêpi | pêrang rai datan kumalamar | sêmbada sarta ulate | bubaran dêlèr sampun | miwah sagung kang pra dipati | Dipati Pringgalaya | ngacarani wau | sagung kancane wadana | ingaturan lajêng pakuwonirèki | pra sami pirêmbagan ||

43. Adipati Pringgalaya angling | hèh Paman Tumênggung Mangkuyuda | miwah Dhi Wiradigdane | Arungbinang sirèku | kaya piye prêkara iki | apa nora gêgawa | iya ika mau | dene ta nora kajamak | Mangkubumi pan ènthèng gunung Mêrapi | gêgitik ing prêkara ||

44. wong Mataram lagi siji iki | mêtoni wantêr saijab-ijab | ingkang mau papêrêpe | angadhêp bae ingsun | amêngkorog gêgithok mami | Tumênggung Mangkuyuda | lon nambungi wuwus | sampuna pun Dongkêl nyêlak | sampun pucat ulate Nikolas Harting | kawula langkung maras ||

45. angling tarèn wau Sang Dipati | Pringgalaya upama takona | marang ingsun tuwan dêlèr | apa milu sirèku | iya kaya Amangkubumi | anampik prajangjean | iya kang rong ratu | kang rama lawan kang

--- 38 ---

raka | kang tinampik prajangjean eyangnèki | iya ingkang kinarsan ||

46. watarane iya dêlèr iki | apa gêlêm têtakon maringwang | Tumênggung Rungbinang ture | kadi lingsêm kalangkung | Wiradigda aris nambungi | dhèwèk iki Rungbinang | ngantuk nêmu kêthuk | nora milu abicara | parandene iku yèn kanggo sayêkti | milu nganggo kewala ||

47. nanging iya padha ngati-ati | bok kaparêng wani têtakona | mring ki lurah tuwan dêlèr | Rungbinang sauripun | aku wani kêthok dariji | yèn ta kongsi takona | Si Buntarting iku | pra sami gumujêng suka | eca tyase Pringgalaya Adipati | dènnya apêpucungan ||

162. PocungTeks asli: Pucung.

1. kunêng wau gantia ingkang ninuwuswinuwus. | dêlèr pirêmbagan | lan sagung para upêsir | para mayor miwah kang para kapitan ||

2. Mayor Ubrus maring dêlèr sangêt matur | mila tuwan datan | anurut sakarsanèki | dene jendral wus dhawahakên parentah ||

3. kinèn nurut Mangkubumi karsanipun | asile punapa | tuwan mawi nyênyinggêti | sampun têrang karsane gurnadur jendral ||

4. dêlèr muwus aja kêmba ing pamuwus | rèhning dadi awak | oliha lan tindak bêcik | yèn wus puguh môngsa wurung tinurutan ||

5. Ubrus matur inggih sampun bancang laku | bilih kaputungan | paran kinarya pêpulih | botên wurung rugine gurnadur jendral ||

6. dêlèr muwus yèn mêngkono pikir

--- 39 ---

iku | padha amrih rikat | dene Sunan Mangkubumi | têtakone luput pisan kêna pisan ||

7. iya ingsun ora kabatin tyas ingsun | sanadyan kawata | yèn ingsun bisa mrih gampil | cacad apa pan ingsun mundhak utama ||

8. nanging iku iya bênêr sira Ubrus | ana ing wêwatak | wong agunge siji-siji | lawan Mangkubumi têtêp yèn pilalan ||

9. lamun iku wurunga kongsia mutung | mendah dosaningwang | baya ngong mati binêsmi | gya Nikolas Harting nimbali pun Bêstam ||

10. praptanipun Bêkaur Bêstam tinuduh | sira angrèngrènga | prajangjianing paraji | Prajangjian Susunan Pakubuwana ||

11. yèn wus têmu banjura sira sun utus | ing wêngi kewala | mring Susunan Mangkubumi | aprakara pamundhute prajangjian ||

12. apan ingsun sumôngga ing karsanipun | jangjine kang eyang | sakarsa-karsane dadi | prajangjian Sinuwun Pakubuwana ||

13. Bêstam gupuh lumampah ing dalu-dalu | sowan pasanggrahan | anjujug mantri kang kêmit | kinèn matur yèn dutane dêlèr prapta ||

14. wusnya katur Ki Bêstam ngandikan gupuh | pinarak paningrat | Ki Bêstam ingawe gipih | prapta ngarsa dinuk ing liring anyêntak ||

15. nêmbah matur gusti kawula ingutus | mring sudara tuwan | ngaturkên kang sêrat jangji | prajangjian kala ing Pakubuwanan ||

16. sêrat katur sarta BakaurBêkaur. turipun | bilih padukendra | taksih sami animpêni |

--- 40 ---

prajangjian duk kala eyang paduka ||

17. kula suwun pinanggihakên pukulun | tinêpang tinêmbang | yèn inggih sampun anunggil | inggih lajêng nuntên dinamêl kewala ||

18. sigra mundhut êbuk pinaringkên sampun | tinimbang tan gothang | pun Bêstam umatur aris | sampun nunggil inggih tan wontên kang siwah ||

19. dhuh pukulun kados êmbèn dadosipun | Sênèn adêg tuwan | sang nata ngandika aris | iya Bêstam yèn wis gilig pan agampang ||

20. nêmbah mundur ing loji sapraptanipun | katur solahira | miyarsa Nikolas Harting | langkung suka lêjar ing tyas sri narendra ||

21. enjingipun Nikolas Harting umasuk | pinêthuk pangeran | dipati pangran ngabèi | pinanggihan pandhapane pasanggrahan ||

22. dêlèr matur angrampungakên kang rêmbug | kalihe wus lêga | pêpalihan dèrèng wiwit | kang rinêmbag adêge anama sultan ||

23. pan kasaru Mantri Tampingan asung wruh | yèn ing Jagaraga | pinukul ing mêngsah mangkin | kang amukul mêngsah saking ing Mamênang ||

24. pangiride Mangkudipura Madiun | nagri Jagaraga | inggih bêdhahe ing mangkin | bupatine anggubêl angungsi wana ||

25. sang aprabu ngandika marang gupêrnur | hèh sumêne iya | prakara pêparon iki | lagya ana mungsuh ngriwuk ambêbeka ||

26. dêlèr matur paran ing karsa sang prabu | iya sun kongkonan | anglurug bupati kalih | Rôngga lawan [la...]

--- 41 ---

[...wan] Dipati Suryanagara ||

27. dêlèr matur ngangge Kumpêni pukulun | sang nata ngandika | iya dadia têtindhih | aja akèh dragundêr rolas kewala ||

28. lan Sareyan Rikês sun piji lumaku | dêlèr langkung suka | Rikês sampun dèn timbali | praptanira lan dragundêr kalih wêlas ||

29. dêlèr muwus hèh Rikês sira tinuduh | marang gustinira | kinanthèkakên sirèki | Rôngga lawan Dipati Suryanagara ||

30. pan amukul ing Jagaraga Madiun | iku mungsuh beka | punggawa kalih wus prapti | sawadyane Rôngga lan Suryanagara ||

31. barisipun wus aglar nèng ngalun-alun | para mantri ngarsa | binêktakkên sadayèki | lan sang nata ingadêgakên samana ||

32. prajurit jro katanggung kang wolung puluh | pra sami jêjaka | sêtun duk wiwit arabi | lurah kalih Jayèngsari Jayèngtilam ||

33. kinèn ngadu anggajihi ing prangipun | Rôngga kawan dasa | pinangku wadya kadyèki | kawan dasa Dipati Suryanagara ||

34. sang aprabu mios panangkilanipun | lan Dêlèr Nikolas | Harting tumut mijil nangkil | amanggihi kang nglurug pangujungira ||

35. praptanipun sang nata têratagipun | lênggah ing dhêdhampar | lan Dêlèr Nikolas Harting | munggèng kursi lan sang nata jêng-ajêngan ||

36. pra tumênggung wus aglar munggèng ing ngayun | kang nglurug ngandikan | majênga angujung sami | Rôngga lawan Dipati Suryanagara ||

--- 42 ---

37. sami ngujung lan Rikês Sareyan sampun | bupati kalihnya | tabean lan dêlèr aglis | nulya ngujung mantri pangarsa sadaya ||

38. budhal nambur gong bèri saruni umyung | prajurit turôngga | wolung atus kang binêcik | arahane sèwu limang atus ana ||

39. lampahipun ing marga datan kawuwus | praptèng Jagaraga | mungsuh pra sami miyarsi | yèn dèn gêngi gugup lampahira dhadhal ||

40. ngungsinipun barise Pangran Madiun | anèng Kalitôngga | kagègèran mungsuh ngusir | sami mapan badhe nadhahi ngayuda ||

41. balanipun wontên kuda kalih èwu | kathah dèrèng prapta | panêkar môncanagari | kêrigane Pangeran Mangkudipura ||

42. ya ta wau wontên balik wong Madiun | Dyan Sêcakusuma | satus kêkapalanèki | santanane Pangeran Mangkudipura ||

43. nungkulipun langkung tinarimanipun | mring Sang Adipatya | Suryanagara lan malih | Rôngga Wirasêtika langkung narima ||

44. sampun sinung parentah bumi Madiun | ingkang kilèn kitha | cacah kalih èwu bumi | sinrahakên Rahadèn Sêcakusuma ||

45. lajêng sampun pinacak dadya panganjur | wuwuh prajuritnya | tigang atus kang turanggi | lajêng môngka cêcalang nêmpuh ing yuda ||

46. wurinipun nunjang prajurit katanggung | lan dragundêr rolas | mapag lan katanggung sami | pangiride Dipati Suryanagara ||

47. wong Madiun sakêdhap nadhahi pêngkuh | pan kasêlak [ka...]

--- 43 ---

[...sêlak] gila | sapisan bêdhile muni | nora mindho dhadhal nolih kuthetheran ||

48. akèh runtuh sing kuda kacandhak lampus | kèh kèlês katunjang | dèn ungsi praptèng kithèki | nora kèndêl malêdug malayu ngetan ||

49. dèn bêbujung kèh tinggal dangdananipun | wangsul pambujungnya | mungsuhe nilap anêbih | undurira anjêjarah abêbandhang ||

50. rêmbag mundur saking kitha ing Madiun | kang badhe tinilar | Radèn Sêcakusumèki | pacak baris nèng Bayêm sakilèn kitha ||

51. budhalipun Rôngga Suryanagarèku | tan kawarnèng marga | sapraptanira Giyanti | ngaturakên jarahan lawan bandhangan ||

52. sang aprabu miyarsa suka kalangkung | Rikês angsalira | bandhang bandera sasupit | katur marang dêlèr langkung sukanira ||

53. pan sakesuk Rikês munggah kurnèt sampun | wuri kawuwusa | Madiun ginêcak malih | kang anggitik Pangran Arya Purubaya ||

54. rame campuh Radèn Sêcakusumèku | karoban ing lawan | anggubêd anèng wanadri | binantonan mantri pangarsa sadasa ||

55. rame kukuh Sêcakusuma prangipun | agênti kasoran | tukup-tinukup kang jurit | kuwalahên mundur Pangeran Purbaya ||

56. dadya êpur têmahan kitha Madiun | tan ana ngancika | Mangkudipura tan wani | tuwin Sêcakusuma iya mangkana ||

57. barisipun kilèn kitha nora maju | myang Mangkudipura | wetan kutha barisnèki | nora wani anglêboni

--- 44 ---

jroning kutha ||

58. kunêng wau kang rêbat nagri Madiun | ingkang kawuwusa | dêlèr kang wontên Giyanti | ingkang badhe amangun ing Kasrinatan ||

112. Maos sêrat palkat tuwin ngêpung ajat dalêm

163. Sinom

1. wus undhang sagunging wadya | baris Sang Natèng Giyanti | badhe pamaosing palkat | ing tahun Be amarêngi | sasi Rabingulakir | ing Soma kaping sapuluh | aglar sagung dipatya | miwah ing Surakartèki | sakancane Adipati Pringgalaya ||

2. Kumpêni gêng-agêng samya | pakumpulan ing Giyanti | sagung têtindhih barisan | ing Marêbung gunung Gamping | pêpak anèng Giyanti | enjing munggèng tarubipun | sang nata akalihan | lan Dêlèr Nikolas Harting | Mayor Ubrus Mayor Istimolor ngarsa ||

3. têpung kang para kapitan | pan dêr Pol ingkang pangarsi | Kapitan Dongkêl kalawan | Sungrat Kulman Kapitan Bil | Beman kalawan Sèling | Petor Bristop munggèng ngayun | lan Uprup Surakarta | punika sami mangarsi | nênggih Uprup Yan Hèndrik Johan Abraham ||

4. Ngalun-alun kaèbêkan | sinang bêranang kang baris | kadya girindra dahana | prabaning kang baskara tis | kataman masênggani | ujwala busana murub | amarwata kusuma |

--- 45 ---

angilat thathit sêsiring | aprabawa sunaring sanjata lanang ||

5. gêgaman ing Surakarta | ngidul ngalèr ajêngnèki | gêgaman pasisir lèrnya | angidul ajêngirèki | prajurit ing Giyanti | ngarsa kalawan ing pungkur | kang dadya gêgujêngan | saalun-alun tan malih | prajurite Adipati Pringgalaya ||

6. wolung puluh Jagasura | sadaya dipun gundhuli | sadaya sinaruwalan | komboran sangkêlat abrit | sangkêlat kuning tulis | sadaya rasukanipun | asikêp waos mamas | panas karingête mili | ting darèwès ingkang dadya gêgujêngan ||

7. Bêstam kinèn maos surat | ing ngarsanira sang aji | angadêg pamaosira | ing ngajênge pra dipati | cinêndhak ungêlnèki | kêpanjangên yèn ginalur | ingkang mawi prakara | yèn Pangeran Mangkubumi | kawan wêlas taun atinggal nagara ||

8. angangge sakarsa-karsa | dènira amalik bumi | tinututan ing pangrêpa | môngga tan ana tinolih | aprang numpês Kumpêni | nênggih sèwu lan nêmatus | lan wolung puluh papat | kang warni Kumpêni putih | Kumpêni Slam rongèwu satus pitulas ||

9. malah umadêg narendra | lawan karsane pribadi | winongwong jinajayèng prang | mangkya Pangran Mangkubumi | aprasasat wus munggwing | ngisoring Kumpêni tuhu | ing prajuritanira | soring prajuritanèki | ing Kumpêni miwah ing prawiranira ||

10. wus anèng sosoranira | kaprawiraning Kumpêni | miwah ing

--- 46 ---

kawicaksanan | pan iya mangkana malih | Pangeran Mangkubumi | ing mangke sampun anggilut | ing maduning Walônda | mangsuk sungsum tulang pasthi | pan jinunjung ing tuwan gurnadur jendral ||

11. myang sagung rad pên india | umadêg Rajèng Matawis | Jêng Sultan Pakubuwana | ing Ngalaga Senapati | Ngabdulrahman Sayidin | Panatagama Aluhung | dene kang prajangjean | têtêp prajangjean swargi | ingkang eyang Susunan Pakubuwana ||

12. ing sanepa myang pangwasa | ing wêwalêr para niti | iribe apawong sanak | sabiyantu prana yêkti | abiprayèng tyas sukci | eklasing wikrêsna pingul | sabarang rèh ing praja | ing Pracima utarèki | myang duksina dharat lautan tarêbang ||

13. wus titi pamaosira | inganggêp têtêp ngantêpi | tinutup rèh saru sirna | muni drèl mriyêm barungi | use sagung upêsir | mriyêm amarwata guntur | salun-alun sênapan | barondongan kang gêdhugi | mariyême pitulas tan kèndêl munya ||

14. gamêlan umyung goraya | nulya dêlèr anganthuki | tabe salamêt karajan | umangsah para upêsir | tabean lan narpati | kang dhingini Mayor Ubrus | Istimolor anulya | para kapitan agênti | sawusira dêlèr angling mring dipatya ||

15. Bapak Dipati Samarang | myang Pringgalaya Dipati | payo gênti angujunga | mangsah Dipati Samawis | gantya Pringgalayèki | anulya kang pra tumênggung | ingkang Pajang Mataram | nulya bupati [bu...]

--- 47 ---

[...pati] pasisir | sawusira kang kilèn mantri pituwa ||

16. Banjar Panjêr Ngayah Roma | Mêrdèn Dhayaluhur Pasir | Pagiyanti sinêngkalan | mur sarira ngoyag bumi |Sengkalan: mur sarira nyoyag bumi (1680 A.J., 1755 A.D.). ing Be Rabingulakir | mangkana dêlèr umatur | bisik-bisik mring sultan | punapèstu tuwan nguni | saosane pêpatih gurnadur jendral ||

17. ingkang sampun wicantênan | lan eyang paduka nguni | pun Tumênggung ing Toyamas | punika langkung prayogi | winatawis nastiti | ambêgnya lus manah tuhu | sultan ing saurira | nênggih sami bisik-bisik | ingsun dhasar wus rêsêp lan ipeningwang ||

18. samêngko payo kasukan | jêngkar wau sri bupati | ing pandhapa pasanggrahan | panggenan sampun rinakit | sultan wus tata nênggih | ing amparan wus alungguh | nèng kursi kèrinira | UpênurGupêrnur. Nikolas Harting | pra dipati sami ngandikan sadaya ||

19. lir sêsulung Jatingarang | ambêngan ingkang umijil | kang saking pura wangunan | ewon tan kêna winilis | miwah kang saking jawi | Kanatakusuman elur | saking Suryanagaran | saking Karanggan angili | sagung ingkang barisan tuwuk sadaya ||

20. prajurit ing Surakarta | satus jodhang sabupati | pitu bupati kewala | kawolu Kyai Dipati | Pringgalaya atamping | dadya jodhang sangang atus | gumuruh swaranira | solahe wadya kang bukti | têmah luwih nasine kurang manungsa ||

21. sultan anamar sakêdhap | minggah panggung aningali | ing tingkahe [ting...]

--- 48 ---

[...kahe] wadya kathah | gumuruh kang sami bukti | lir udan sinêmèni | sultan sukane kalangkung | têdhak saking panggungan | sadintên kang sami baris | nutug suka dêlèr lan sagung punggawa ||

22. sarêng rêp dènnya bubaran | Dipati Pringgalayèki | antukipun pakumpulan | lan kancane pra dipati | tata sawusnya linggih | Dipati Pringgalayèku | mojar mring pra wadana | hèh paran pikir puniki | sintên patut kang mulih atur uninga ||

23. lawan ingkang kula duta | manggihi uprup samangkin | Yan Hèndrik Johan Abraham | anêdha turunanèki | rèngrèng adêgan wingi | Tumênggung Rungbinang matur | pun Kakang Wiradigda | kang mantuk dhatêng nagari | kula ingkang manggihi Johan Abraham ||

24. ambêkus Ki Wiradigda | Si Pagêlèn ambêsiwit | balithuk sajêgmu gêsang | nora nganggo mêmarèni | dèn jêblogakên mami | dhèwèke milih nak-enuk | mring loji sajangkahan | dèn paluhakên sun iki | wetan Jatisari kalawan ing Ganggang ||

25. gumujêng kang pra dipatya | Ki Mangkuyuda nambungi | bênêr Adhi Arungbinang | ingkang lumaku mring loji | karana iku dhingin | tinarima ring gupêrnur | mampir barisan ingwang | duk pinanggil mring Samawis | kala ngarêpakên pêparon nagara ||

26. ing mêngko iku ngirasa | ngrêrèbèt pawarta kari | manawa na rêrontogan | Rungbinang sigra malangkrik | lah ana kang ngiloni |

--- 49 ---

sok tinarka ambalithuk | gumêr malih gujêngnya | wus winêling lampahnèki | sampun mangkat Ki Tumênggung Arungbinang ||

27. wanci ing pukul sambilan | nuju jawah riwis-riwis | Ki Tumênggung Arungbinang | sapraptanira ing loji | panggih tabean angling | tuwan pan kula ingutus | ing sudara andika | Ki Lurah Radèn Dipati | Pringgalaya ingkang tabe kathah-kathah ||

28. lan malih kinèn nyambuta | rèng-rènge palkat ing wingi | Yan Hèndrik Johan Abraham | alon dènira nyambungi | iya radèn dipati | bêcik anuruna iku | lawan sira matura | sudara radèn dipati | besuk esuk sun jaluk siji wadana ||

29. ingsun muliha dinuta | mring Tuwan Nikolas Harting | nauri Kyai Rungbinang | gih tuwan wus dèn saosi | wau dèn parentahi | pun kakang Wiradigdèku | inggih ing benjang enjang | punapa saos mariki | gih pun kakang Tumênggung Wirawidigda ||

30. uprup manthuk ya dèn enjang | ingsun pukul nêm lumaris | Ki Tumênggung Arungbinang | mrêpêki abisik-bisik | lampah dika punika |Guru lagu seharusnya: 7i, lampah dika puniki. punapa wêwadosipun | punapa gih kenginga | nêdha pawarti sakêdhik | latah-latah Yan Hèndrik Johan Abraham ||

31. pan laku lair kewala | rêmbuge Nikolas Harting | besuk lamun pêpanggihan | lan kang rama ing Giyanti | susunan dèn aturi | ya angaturana dhuwung | siji marang kang rama | mung iku laku ngong benjing | trimakasih

--- 50 ---

Ki Tumênggung Arungbinang ||

32. lan tuwin kula anêdha | gih upas dika satunggil | supaya inggih ngantosa | tinurun surat puniki | inggih yèn wus dumugi | nuntên binêktaa mantuk | uprup nurut kewala | bêktani upas satunggil | sigra pamit Ki Tumênggung Arungbinang ||

33. sapraptanira mondhokan | mêksih pêpak pra dipati | Ki Tumênggung Arungbinang | antuke gawa Walandi | kagèt kang aningali | ki tumênggung aturipun | tabenipun sudara | paduka inggih nglilani | tinuruna sakêdhap surat punika ||

34. Kêndhiwiring tinimbalan | kinèn anurun tumuli | Ki Tumênggung Wiradigda | mring Arungbinang tanyaris | Walônda apa iki | tut buri marang lakumu | Tumênggung Arungbinang | alon dènira nauri | sauripun awingit andanasmara ||

164. Asmaradana

1. sun jaluk upas sawiji | yèn wis tinurun kang surat | aja kongsi ngulihake | si upas bae gawaa | Tumênggung Wiradigda | ambêkus dènira muwus | ingsun maning yèn mênanga ||

2. sajêge aku mênangi | sok ambalilu Walônda | hèh upas muliha age | dibalithuk Arungbinang | jamake wong nyênyêlang | yèn wis angulihkên iku | mung tatane Arungbinang ||

3. marentah kang dèn silihi | kang dèn silihi Walônda | dèn balilu nurut bae | gumêr sagung pra dipatya | tuwin sabaturira | Tumênggung Wiradigdèki | nuturkên ing solahira ||

--- 51 ---

4. duk baris Pagêlèn nguni | ya ngêndi ana Walônda | diwuruki prang gêlare | Walônda nurut kewala | yèn dulu Arungbinang | pangrasane Nabi Dawud | nora katon Arungbinang ||

5. gumêr malih pra dipati | sangsaya ambata rêbah | akêkêl têkan bature | Adipati Pringgalaya | ling sarwi mijêt manah | apa mêngkonoa iku | têkone Si Arungbinang ||

6. Wiradigda anauri | sampun maibên ki lurah | pan kula uninga dhewe | duk Pajênar botên pisah | nguni Kapitan Bagrak | pan tinuntun kadi lêmbu | makatên ingkang upama ||

7. tan duwe maras wong iki | wingi dèn lirik kaping pat | ika kang dadi brêkokong | wingi kang umadêg sultan | duk prang Pagêlèn ika | esuk sore dèn balithuk | prandene nurut kewala ||

8. anggung gawe dèn gorohi | pindho ping têlu kaping pat | têka tan ana dukane | kèdhêp têmên Arungbinang | yèn gawe kamandaka | yèn mungguha kaya ingsun | yêkti wêdi têtêmua ||

9. awêdi bèn dèn bithèni | yèn ingsun kayaa sultan | dibalithuk salawase | nglurug maring Pakalongan | pakone Arungbinang | têka nora nêmu kuwuk | bênêre disêsêmpala ||

10. kêrêng kêndêl angliwati | duk wingine kae ika | Nikolas Harting pan êmèh | dikalêthak wêwarasan | di ana wong mangkana | pradeneprandene. maring sirèku | dadi bêbayi warasan ||

--- 52 ---

11. iya sira ogal-agil | prandene kêna kewala | kang miyarsa padha gèdhèg | angling Tumênggung Rungbinang | kang tumênggung dèn enjang | pukul nêm ing angkatipun | Uprup Yan Hèndrik dinuta ||

12. Dipati Pringgalaya ngling | hèh ta iku Arungbinang | tuwan uprup mulih dhewe | matur Tumênggung Rungbinang | antukipun dinuta | umatur dhatêng sang prabu | Nikolas Harting rêmbagnya ||

13. lamun pêpanggihan benjing | sang nata lawan kang rama | aturipun tuwan dêlèr | ngaturna dhuwung satunggal | kang ragi babrêkatan | Tumênggung Mangkuyudèku | lah kapriye sanak kônca ||

14. golèk warta kari waris | lan Si Adhi Arungbinang | yèn mungguh kônca liyane | dèn kongsi kapêjêng môngsa | dadak antuka warta | gumujêng kang pra tumênggung | kunêng wau kawuwusa ||

113. Ngrêmbag ingkang badhe dados pêpatih dalêm ing Ngayogyakarta

15. enjing budhalira nênggih | Uprup Yan Hèndrik Abraham | mantuk punggawa kanthine | Tumêngung Wirawidigda | Giyanti pirêmbagan | nênggih sultan abdinipun | kang badhe manjing ing kontrak ||

16. myang putra sêntananèki | tuwan dêlèr panêdhanya | dipun kantênan cacahe | kang sami manjing ing kontrak |

--- 53 ---

liyane pra dipatya | nadyan wong cilik puniku | sakarsane tuwan sultan ||

17. kangjêng sultan amaringi | surat abdine sadaya | ingkang manjing buk cacahe | putra kêkalih punika | kêkalih kang santana | pangran ngabèi puniku | lan pangeran adipatya ||

18. nênggih putra kang kêkalih | dene ta ingkang santana | Pangran Natakusumane | lan Pangeran Pakuningrat | bupati tiga wêlas | dene ta pangajêngipun | Rôngga lan Suryanagara ||

19. wawolu lurah prajurit | kang tanggung mantri jronira | miwah lurah atusane | lurah kang marentah lurah | têgêsipun wadana | lêlurah gêdhe puniku | ingkang manjing buk ing kontrak ||

20. lan Suranata kêkalih | lurahe manjing buk kontrak | pinilih kalih lurahe | pan kamituwa têtiga | wus jangkêp tigang dasa | kang manjing ing kontrak iku | abdinira kangjêng sultan ||

21. Kangjêng Sultan ing Giyanti | laminira têtamuan | kang bawani saosane | amung kang rayi kewala | Dèn Ayu ing Banyumas | sultan mulat ipenipun | Tumêngung Yudanagara ||

22. kalangkung rêsêp ing galih | apan arsa pinundhuta | jêng sultan tyasira kagol | sêrate gurnadur jendral | muni Yudanagara | atur prayogi satuhu | yèn pantês kinaryakêna ||

23. matihi adêgira ji | dadya ngupaya paekan | arsa nguningani lire | dene ta sunan nèng wana | môngsa [mông...]

--- 54 ---

[...sa] tan kawarnaa | Dhimas Natakusumèku | kang dadi warananingwang ||

24. apa wadining Kumpêni | sultan anjungkung sakêdhap | angêningakên karsane | wus pinanggih karsanira | Cakrakarti dinuta | mring Nikolas Harting mundhut | Kyai Bêstam tinimbalan ||

25. sapraptanira ing loji | Kyai Bêstam tinimbalan | pinundhut maring idêlèr | wus binêktakakên sigra | praptaning pasanggrahan | lajêng ngandikan lumêbu | prapta ngarsanira sulan ||sultan.

26. sultan angandika aris | hèh Bêstam padha pasaja | iya ingsun lawan kowe | apan ta padha wong Jawa | yêkti rêksa-rumêksa | apa mulane gurnadur | nawani Yudanagara ||

27. Ki Bêstam marêbês mili | awotsari sarikutan | dènnya ngusapi waspane | sang nata lêga tyasira | Ki Bêstam wus kawruhan | lamun wêkêl manahipun | tan tumama karya reka ||

28. sultan angandika ririh | ya Bêstam apa tan mirsa | duk ingsun anèng alase | Adhi Mas Natakusuma | iku pêpatih ingwang | nging dhingin sadurungipun | mungkir Si Mangkunagara ||

29. pan Si Mangkunagarèki | kang dadi patih sun iya | apan têlu sosorane | ing jaba Kudanawarsa | lawan Suryanagara | ing jêro siji ya amung | Si Rôngga Wirasêtika ||

30. Si Mangkunagara balik | Adhi Mas Natakusuma | kang dadi pêpatih ingong | iya têlu sosorannya | Adhi Mas Pakuningrat | sisih Suryanagarèku | ing jêro iya Si Rôngga ||

--- 55 ---

31. Kumpêni pasthi miyarsi | yèn mêngkono rakit ingwang | ênggon ingsun arêraton | apan ora lêstaria | tingkah wus kalampahan | Ki Bêstam nêmbah umatur | kang abdi kenging matura ||

32. ngandika sri narapati | iya Bêstam aja uwas | apan wus wêwatêk ingong | andêlan maring wong sanak | santosèng ing Hyang tingkah | ala bêcik manungsèku | nora kêna binakalan ||

33. Ki Bêstam matur wotsari | pukulun ingkang punika | mila Kumpêni yitnane | rumêksa ing padukendra | tulus ing kawiryawan | pan rayi dalêm pukulun | Pangeran Natakusuma ||

34. agênging tyas anglangkungi | awak bangkang ati buta | yèn nêpsu kang dede-dede | botên ambobot sarira | mila pasisir pisah | pan rayi dalêm pukulun | nêpsune ambêdhah-bêdhah ||

35. anobatakên rumiyin | dhatêng raka jêngandika | ing nguni inggih sang katong | ingkang sumare Nglawiyan | yèn botên kapisaha | pun pasisir têmahipun | ngabêni prang lan sang nata ||

36. langkung susahing Kumpêni | gusti ing wêktu punika | Radèn Supama nêpsune | tan wontên kuwawi bêdhah | langkung eyang-eyungan | gurnadur rêntêng kalangkung | buh kang pinilih binuwang ||

37. amiliha sri bupati | ambuwang Radèn Supama | bupati sampun cêcangkok | nagari sugih santana | ênggone anyêkuthak | mila atêmah tinurut | apisah lan Kartasura ||

38. duk miyarsa sri bupati | anjêngêr

--- 56 ---

lajêng alatah | iya Bêstam dene mangke | iya Dhi Natakusuma | lawase tunggal ingwang | tyase tutut dhasar alus | Ki Bêstam matur tur sêmbah ||

39. kasaban ing padukaji | pukulun rayi paduka | nêpsunira dede-dede | mila kalok saking sabrang | Sang Rajèng Pakalongan | tyasira apindha gunung | sultan malih tan ngandika ||

40. mila inggih mrayitnani | lami-lami rayi tuwan | manawi mijil medane | adamêl ruwêding jagat | nanging nuwun samangkya | sawab kungkulan pukulun | inggih dhatêng padukendra ||

41. kalawan gusti ping kalih | mila pun Yudanagara | rumiyin sampun tinaros | dhatêng eyang padukendra | tuwan gurnadur jendral | inggih ing salajêngipun | gusti amalih nagara ||

42. sapikiripun prayogi | sang nata alon ngandika | Bêstam yèn kaya mêngkono | sun turut karêpe jendral | Paman Natakusuma | kang anèng Selong sun pundhut | ulihe mring tanah Jawa ||

43. pasthi yèn marêm tyasnèki | Yayi Mas Natakusuma | yèn praptaa wong tuwane | Bêstam umatur wotsêkar | pasthi yèn kalampahan | pamundhut dalêm pukulun | Kumpêni amrih sarkara ||

165. Dhandhanggula

1. sira Bêstam umatur wotsari | rayi dalêm kados katangsulan | sudane mêmanahane | ngandika sang aprabu | iya Bêstam wijiling bêcik | ngupaya kabêcikan | iku jamakipun | kalamun angupayaa | ing panggawe kang ala yêkti ngêmasi |

--- 57 ---

namaning kang manuswa ||

2. yèn angilang-ilang bêciknèki | dadi angrojod luwure samya | sayêkti duraka gêdhe | anêmu tanpa urus | capluk-capluk sajêge urip | iya Bêstam wus enak | ing kene tyas ingsun | aja kuwatir sabarang | ing prakara yèn ingsun miliha urip | barang ruwêding praja ||

3. aja dadi ruwêding Kumpêni | lamun ingsun maksih anèng donya | iya Bêstam aja age | Kumpêni atêtulung | barang iya kang makewuhi | kang anèng tanah Jawa | uwisa deningsun | Ki Bêstam tur sêmbah mêsat | sapraptane panggih lan Nikolas Harting | matur sasolahira ||

4. andikane Sultan ing Giyanti | kathah-kathah langkung sukanira | duk miyarsa tuwan idlèr | ya tuwan sultan iku | yèn piturut marang Kumpêni | apa kinarsakêna | pasthi nora wurung | wau ta kang kawuwusa | lampahira Uprup ing Surakartèki | kawan dina praptanya ||

5. wangsul marang ing Giyanti malih | pangguh gupêrnur matur yèn sagah | Prabu ing Surakartane | angaturana dhuwung | mring kang Paman Natèng Giyanti | langkung sarèh sang nata | mring kang paman rukun | Yan Hèndrik Johan Abraham | wus makuwon Tumênggung Wiradigdèki | mantuk pakuwonira ||

6. lajêng sowan ing pakuwonnèki | nênggih Adipati Pringgalaya | pra dipati pêpak kabèh | wau duk praptanipun | atêtanya radèn dipati | kadipundi punapa | lêga sang aprabu | umatur Ki Wiradigda |

--- 58 ---

inggih lêga pun uprup ingkang kawarti | kula botên ngandikan ||

7. kinaruhan inggih para gusti | dangu lujênge abdi sadaya | kula matur sami sae | kang abdi sadayèku | barkat dalêm sami basuki | dangu pun Arungbinang | winastanan tumut | wontêna botoh punika | kadi juwêt inggih ngandikan pribadi | kula botên pajêngan ||

8. apa jawane iya wong iki | ngalèr ngidul olehan kewala | gumêr kang myarsa gujênge | sigra Kyai Tumênggung | Mangkuyuda alon nambungi | hèh Adhi Wiradigda | manira angrungu | alame Sunan Mangkurat | sêsampune ngadhaton Wanakartèki | ingaran Kartasura ||

9. pangungune pan kapati-pati | cacad agêng ing karatonira | dumèh tan duwe wong anèh | ngungun ing patinipun | Martalaya Martapurèki | kang sampyuh nèng Japara | awor patinipun | puniku anèh kalihnya | padha bisa nglumpati kali Kadhiri | kang têlung puluh cêngkal ||

10. Kraèng Naba nyangking Marmagati | Martalaya tuwin Martapura | kang lumumpat dhewe-dhewe | Sunan Mangkurat kuwur | langkung jungkung dènnya prihatin | agung wayang-wuyungan | susah suh tyasipun | tan antuk dhahar anendra | pan angrasa tiwase karatonnèki | dudu wahyu sanyata ||

11. wahyu mêntah-mêntah dèn gêpyoki | nora matêng anèng uwitira | wahyu jêndhul tiba dhewe | wus lami datan antuk | wong kang anèh pratingkahnèki | anèh

--- 59 ---

sabarang karya | kang dadi gêgajul | dadi têtumbal nagara | gih Si Adhi Tumênggung Rungbinang singgih | dadi tumbal nagara ||

12. dene ana anèhe sakêdhik | ing mêngko jamane ratuningwang | yêkti ana pratandhane | Rungbinang lênggut-lênggut | Wiradigda asru misuhi | diguwok sumakehan | dadak lênggut-lênggut | ngling Dipati Pringgalaya | kadipundi lah Paman Mangkuyudèki | wau Sunan Mangkurat ||

13. Ki Tumênggung Mangkuyuda aglis | nutugakên iya kandhanira | cat-êcatan ing elinge | inggih ing wartinipun | Kyai Dêmang Urawan Sêndhi | inggih sagêd akarya | ing sastra sinêmbur | lan sagêd badhe bêlarak | ingkang runtuh cacahipun janurnèki | lawan badhe pêthikan ||

14. wong kang mêndhêt ing godhong kêkalih | saking kêbon inggih winastanan | ingkang dhingin pamêthike | lan kang pinêthik kantun | ing punika tan wontên malih | kang sagêd sapunika | anulya jinunjung | nama Dipati Urawan | sabin tigang èwu madanani carik | dhasar wong tumut lara ||

15. sampun cuthêl ing kojah sakalir | gumêr malih kang para dipatya | alarang têmên wong anèh | kaluhuraning ratu | yèn wong anèh barang pakarti | Adipati Urawan | anèh mung satêngu | parandene dadya tumbal | yèn anaa wong anèh kang sakêmiri | baya ginawe nyamat ||

16. wontên dutane Nikolas Harting | manggil Adipati Pringgalaya | pra dipati sakancane | prapta panggih gupêrnur | lajêng sowan marang sang

--- 60 ---

aji | praptaning pasanggrahan | ingandikan laju | pinanggihan ing pandhapa | wusnya tabe atata dènira linggih | pra dipati ngarsa glar ||

17. Pringgalaya umatur wotsari | kang pitungkas putranta sang nata | ing palihan prayogine | sumôngga ing pukulun | angandika Natèng Giyanti | sira kang amanduma | atômpa bae sun | Adipati Pringgalaya | yèn makatên paduka kula saosi | sapanêngên sadaya ||

18. ingkang wêling putra padukaji | satêngêning agêng Pringgalayan | kula saos lêlintone | panêkar ta pukulun | pundi ingkang tuwan karsani | Kartanêgaran lawan | Wiragunanipun | kangjêng sultan angandika | Pringgalaya ing Kartanêgaran mami | pinarêng abdiningwang ||

19. akèh kang duwe tabêt Panumping | iya Panumping Kartanagaran | Matesih sapangalore | uruting Karja Jamus | ya wus dadi Panumping siji | mungguh môncanagara | kapriye pandummu | Pringgalaya matur nêmbah | papan inggih mawi kanan lawan kering | nanging kula sumôngga ||

20. bilih wontên kang tuwan karsani | sumêrêpa lêlinton kewala | ingkang sami satimbange | ngandika sang aprabu | iya môncanagara siji | nagara Garobogan | iku tabêtipun | Si Adhi Suryanagara | Pringgalaya sira amiliha bumi | ingkang padha satimbang ||

21. Pringgalaya umatur wotsari | yèn marêngi ing karsa paduka | nagari Toyamas mangke | inggih kang kawan èwu | inggih sampun kongsi kapalih |

--- 61 ---

têtêpa wontên putra | paduka pukulun | sultan alon angandika | sarwi mèsêm hèh iku Pringgalayèki | sayêkti nora timbang ||

22. Garobogan isine karikil | ing Banyumas iku isi uwang | aja tinimbang cacahe | Pringgalaya gumuyu | nêmbah sarwi umatur aris | punapa tuwan dadak | uningèng pamêtu | nauri gumujêng latah | wêruh ingsun angrungu saka wong cilik | kang padha cêcaturan ||

23. tanah durung kambah dening mami | iya amung Adhi Mas Purbaya | nora kongsi babakake | mung ngancik pinggiripun | ing Gumêlêm kang dèn anciki | sêlak pinêthuk ing prang | rusak balanipun | binujung kaponthal-ponthal | sabubare kuthetheran pothar-pathir | kawus Dhimas Purbaya ||

24. nora ana kambah baris malih | kang amukul Dhimas Purubaya | pan bumi wutuh têgêse | Pringgalaya umatur | inggih lêrês paduka aji | nanging ta putra tuwan | ing pitungkasipun | sira matura ing paman | Si Banyumas ing samêngko iku dadi | ingone ingkang putra ||

25. Si Kaliman karo Si Panolih | Si Garêbêg iya Si Banyumas | iya salawas-lawase | saiki yèn pinundhut | pêparoning mring paman aji | kuwur pan durung ana | ing lêlironipun | sultan gumujêng ngandika | yèn mangkono kêpriye gon ingsun milih | ingsun tuwa kawogan ||

26. jabakêna kang mangkono dhingin |

--- 62 ---

lagi maro ing bumi ya kêmba | saking tampan-tinampane | miwah satimbangipun | Pringgalaya nuwun wotsari | sadintên pagujêngan | diwangkara surup | bubaran kang abicara | enjing malih badhene asaos malih | ing dalu kawuwusa ||

27. animbali bupati pinijig | lan santana Pangran Pakuningrat | Pangran Natakusumane | bupati kang têtêlu | Rôngga lawan Suryanagari | lan Janingrat Mataram | prapta ngarsa prabu | sang nata alon ngandika | Adhi Natakusuma myang pra dipati | iki karêpe jendral ||

28. Si Tumênggung Yudanagarèki | kang dadya iya pêpatih ingwang | nanging anawani bae | nora mêksa maringsun | kaya paran rêmbuge sami | Pangran Natakusuma | alon aturipun | pukulun ing sapunika | sakajênge tinurutan pun Kumpêni | sampun mawi was-uwas ||

29. sawêg eca pukulun samangkin | tyase abdi paduka sadaya | rumaos yèn èstu lèrèn | samya srêp manahipun | ngraosakên kangèlan lami | Dipati Jayaningrat | sarêng aturipun | Rôngga lan Suryanagara | angrêmbagi ing saatur-aturnèki | Pangran Natakusuma ||

30. yèn kiyata karsaning Kumpêni | sapunika badan kuthetheran | Kumpêni kaku ing tyase | gumujêng sang aprabu | iya adhi ingsun wus jangji | sun turut sapikirnya | nanging kang sun pundhut | Si Paman Natakusuma | dèn sanggupi ulihe mring tanah Jawi | dêlèr sun cêkêl tangan ||

--- 63 ---

31. Rôngga Suryanagara wotsari | yèn makatên sampun etung kalah | ing palihan sapantêse | angsal inggih pukulun | rama tuwan kenging ajawi | inggih sasat nugraha | ing paduka prabu | tinimbanga ing sanepa | lir amanggih rukmi sawukir Mêrapi | langkung barkat mangpangat ||

32. sultan gumujêng ngandika aris | yèn mangkono wis padha mupakat | Pangran Natakusumane | nêmbah alon umatur | abdi dalêm sadaya sami | botên angrêbat badan | amung jêng pukulun | tulusa sukèng wardaya | ingkang abdi taksih anungkêlang arit | tan ketang sapunika ||

114. Kangjêng Sultan Misudha para Abdi

33. kangjêng sultan angandika malih | yèn mêngkono sira lumakua | Dhimas Natakusumane | têtêmu lawan gupnur | anggawaa Si Cakrakarti | mundhut Yudanagara | Banyumas Tumênggung | gawanên samêngko iya | nuli ingsun karya wakil angladèni | padune Pringgalaya ||

34. Pangran Natakusuma lumaris | Cakrakarti ngiring lampahira | ya ta wau sapraptane | ngloji sampun apangguh | lawan Dêlèr Nikolas Harting | nêmbungakên dinuta | sultan tabenipun | lan mundhut Yudanagara | pun Tumênggung ing Banyumas sapuniki | idlèr inggih sumôngga ||

35. idlèr sigra dènira amanggil | Radèn Adipati

--- 64 ---

Pringgalaya | lan Tumênggung Banyumase | wau sapraptanipun | Adipati Pringgalayèki | Nikolas Harting mojar | hèh Pringgalayèku | Tumênggung Yudanagara | ing Banyumas iya saosna tumuli | pinundhut maring sultan ||

36. nanging bumine Banyumas kari | iya ta tapi nora kaliha | ing Banyumas Bupatine | mung anak putunipun | Ki Tumênggung Yudanagari | hèh iku Pringgalaya | êsah lan gurnadur | Adipati Pringgalaya | sangêt dhêku sigra dènira dhawuhi | marang Yudanagara ||

37. kinèn tumut Yudanagarèki | marang Pangeran Natakusuma | mangkatira sarwi tabe | Nikolas Harting muwus | dhapêt untung tuwan sirèki | lampahira wus prapta | ing Purawinangun | lajêng binêktèng ngajêngan | pandhadhape dingkik-dingkik jêtmikani | sêdhêp amarêk driya ||

38. praptanira ing ngabyantaraji | sarwi mèsêm sultan angandika | dèn parèng kene ki ipe | gya majêng awotsantun | Pangran Natakusuma ngirid | prapta majêng mangrêpa | mangusapi lêbu | ing pada sang naradipa | ngandika marma ingsun pundhut sirèki | atunggala lan ingwang ||

39. payo tungtun-tungtunan lan mami | tanah Jawa êntèk wonge tuwa | payo tinuwanan dhewe | sira kalawan ingsun | sapêkolèh wong damèng krami | alah si ora pisan | cacade prajagung | yèn parêng karsaning Suksma | padha nêdya mulyakna manusa Jawi | basah lir kênèng wisa ||

--- 65 ---

40. sun ing nguni madêg narapati | apan ingsun datanpa ukara | wong amrih kumpuling akèh | tan nêdya nganggo lagu | dhêngdhêng Pêngging karoyok Pathi | dak Tuban surak Dêmak | mung panganggoningsun | ing nagara têmah lungkrah | mêngko ingsun kaduwung kapati-pati | ngrasa katêmpuh tuwa ||

41. iya wong tuwane jaman mangkin | iya ingsun mênangi lan sira | duk misih krêtèng jamane | lan kawitane ngratu | iku padha dèn eling-eling | supayane kênaa | siningkiran iku | apan tiwasing prakara | lamun luput wiwitane nora bêcik | banjure karekelan ||

42. ingsun iki Yudanagarèki | sarta ngawaki untung lan tiwas | padha sun icipi kabèh | laku kang tiwas untung | ing têgêse sun jalajahi | amrih wruh ing wêweka | sira datan emut | bêndaramu adhi lurah | êndi ana wong anom karabat mami | prawirane mangkana ||

43. bisa ngawula sarta ngêntasi | tur waspada witing kadadean | mantêp bawa lêksanane | agal alit kawêngku | lêpasing rèh putus patitis | nirmala ambêk santa | wêweka kawêngku | pasanging graita limpad | lurahira Dhimas Purbaya ing nguni | cacade mung satunggal ||

44. apan sira padha angawaki | iya sapa kadange sadaya | kang kaya ingsun rakête | dadi kang mêthèk iku | wani muni ing ngarsa mami | rayi paduka Gungan | amung cacadipun | yèn ta sampun [sa...]

--- 66 ---

[...mpun] makatêna | rayi dalêm môngka musthikaning bumi | dununging wahyu kobra ||

45. Gungan punika ingkang wuragil | pun Jubriya punika panênggak | pun Takabur pambajênge | samasa bangsanipun | ingsun jawil dhingin si adhi | ugungane sudaa | maringsun ambêkus | kang êmas môngsa kênia | binakalan pêpancène manusèki | bêcik kalawan ala ||

46. ingsun injên tiwase si adhi | saking nagara kudu arêngka | nora pilih jalarane | hèh Yudanagarèku | sira ingsun karya pêpatih | lah iya cabar tiwas | parênga lan ingsun | padha ginau ukara | pirabara iya Hyang Suksma maringi | yèn kênaa tinêdha ||

47. pan kumêpyur tyas kadya binanting | wau Tumênggung Yudanagara | marêbês mili waspane | kabyatan sih manaput | drêsa driyanira ngranuhi | umatur sarikutan | rawat waspanipun | pukulun kalangkung mudha | ingkang abdi tan pêcah mijêta ranti | ngêmbanana sri nata ||

166. Sinom

1. pukulun mung kenging tarka | duk ingabdèkakên nguni | dhatêng rayi jêng paduka | Pangeran Purubayèki | dene kawula inggih | kinathik ing siyang dalu | apan rayi paduka | wong agung tyase mupugi | ing aguna amiguna sumbagèng rat ||

2. sayêktine tanpa tatal | anatal sukêt tatêki | jêng sultan mèsêm ngandika | marma padha ngeling-eling | lah iya angur êndi | kang nora wruh pisan iku | lêlèjêming prakara | sira [si...]

--- 67 ---

[...ra] iku lawan mami | warêg dulu sarawunganing prakara ||

3. sira nuli ngladènana | marang Si Pringgalayèki | pêparone kang nagara | nora susah sun tuturi | watak Pringgalayèki | kadurjanane anutug | nging sira tadhahana | pasaja ati basuki | jajalanat ingantêpan gôndra pira ||

4. dhasar kanthi Arungbinang | bisane luwih sabumi | yèn amasang kamandaka | ngungkuli ajar sakêthi | yèn amasang kêkirih | alah kaji pitung puluh | yèn masang ujar jawat | alah dhukun satus sisih | yèn amasang pilêpak lir Malaekat ||

5. atêmah tandhing sumêngka | iya bicaranirèki | nanging sukura ing titah | pirabarane sirèki | mênang ngadu lêlungid | mungsuhira padha jênggul | Tumênggung Arungbinang | tan kêna tinandhing apit | atandhinga satus sisih nora timbang ||

6. nanging ta adiling Suksma | ingkang bae kang siranti | sadalu apagunêman | sarêng tambur bubar sami | wuwusên sri bupati | sultan nimbali gupêrnur | pangeran adipatya | lawan pangeran ngabèi | kang amêthuk Nikolas Harting praptanya ||

7. idlèr manjing pasanggrahan | kèndêl sagung pra dipati | pasisir ing panangkilan | miwah sira Ki Dipati | Pringgalaya anangkil | punggawa sakancanipun | aglar kang pra dipatya | punggawa Pajang Matawis | sigra têdhak sultan siniwakèng jaba ||

8. ginarêbêg ing wanodya | miwah ingkang ampil-ampil | pangeran bèi ing ngarsa | pan dêr

--- 68 ---

Pol ingkang akanthi | wau pangran dipati | kêkanthèn lan Mayor Ubrus | prapta ing panangkilan | banjêng kang para upêsir | sultan ngagêm songkok barung ginarudha ||

9. baludru cêmêng rinêngga | lung-lungan mas binaludir | tulyasri nurut dongdoman | nyamping golang-galing wilis | lancingan pinapanji | renda mas baludru wungu | kinencong nyampingira | anyuriga cara Bali | atunjung mas bintang ing jaja tumeja ||

10. asèdhêt wangun pidêksa | kadya Prabu Maèspati | Narpati Arjunasasra | rikat pasaja rêspati | sagung wadya kang nangkil | angalêm wanguning prabu | sultan asru ngandika | sarupane kang anangkil | piyarsakna lawan padha ngèstokêna ||

11. Si Tumênggung ing Banyumas | sun kulawisudha mangkin | sun karya pêpatih ingwang | matihi saparo Jawi | namane ingsun alih | Dipati Danurêjèku | kang sun pundhut namanya | Tumênggung Yudanagari | sun paringkên Si Adhi Suryanagara ||

12. radèn tumênggung namaa | Yudanagara palinggih | nagari ing Garobogan | môncanagara amiji | dene sosoran patih | Dhimas Pakuningrat iku | Gêdhe Mlayakusuman | sosoran kiwa Panumping | anisihi Si Rôngga Wirasêtika ||

13. anamaa Radèn Rôngga | Prawiradirja ing mangkin | Adhi Mas Natakusuma | pêpatih jro anglinggihi | kaparak têngên nênggih | lêlurah mantri jro iku | iya Si Baurêsa | sun karya wadananèki | ing kaparak [kapara...]

--- 69 ---

[...k] kiwa Tumênggung Burêsa ||

14. lurah katanggung satunggal | ya Si Panji Jayèngsari | iku sun karya wadana | nindhihana gêdhong kering | Tumênggung Surantani | ing mangke jêjulukipun | iya Si Mangunjaya | sun karya wadananèki | gêdhong têngên iku sun paringi nama ||

15. Tumênggung Mangunnagara | dene kaliwone jawi | Si Tumênggung Alap-Alap | iya namane sun alih | maksih dadya bupati | Tumênggung Martalayèku | iku môngka sosoran | Adhi Mas Pakuningrati | ana dene sosoran Prawiradirjan ||

16. Si Ngabèi Wirarana | iya ingkang angliwoni | mring Rôngga Prawiradirja | sun ganjar namane mangkin | Tumênggung Kartanadi | iya Si Wiraranèku | lurah katanggung iya | Si Kayun iki sun kardi | anamaa Ngabèi Jayadirana ||

17. dene kaliwon kaparak | kiwa Si Prawirasêkti | têngên Si Ranadirada | gêdhong Si Ranadimurti | kiwa têngênirèki | Si Yudakartika iku | lan Si Ranawijaya | sun karya jêksa ing mangkin | jumênênga Tumênggung Sasmitasastra ||

18. lan Si Muhyidin sun karya | samêngko lêlurah carik | sun alih ing namanira | Cakrawijaya Ngabèi | sultan sigra anolih | maring dêlèr sarwi manthuk | têlas ingkang ingangkat | kang binarêng lan pêpatih | urmat use samana lajêng kasukan ||

19. anèng panangkilanira | mariyêm tan kêndhat muni | kadya guntur ing ancala | kalasangkanya munya tri |

--- 70 ---

gêndhing rêmêng ngrêrangin | bêksa jêbêng pra tumênggung | ingajêngan bêdhayan | abarungan mawarna tri | angarangin ing wuri ngidak kaluwak ||

115. Ingkang Sinuhun Kangjêng Sultan pêpanggihan kalihan Ingkang Sinuhun Kanjêng Sunan

167. PocungTeks asli: Pucung.

1. bubar surup makuwon sadayanipun | sultan wus ngadhatyan | ing pura winangun prapti | bakda ngisa badhaya lit kang ingajar ||

2. enjingipun prapta dutane gupêrnur | Bêstam kang dinuta | sigra ingandikan prapti | ing ngajêngan nêmbah matur Kyai Bêstam ||

3. dhuh pukulun sudaranta tabenipun | prakawis jêng tuwan | angandika duk ing wingi | aprakawis palihanipun Toyamas ||

4. kengingipun ingudhal malih pukulun | jêng sudara tuwan | Idêlèr Nikolas Harting | langkung ajrih dene tuwan wus parentah ||

5. manjingkên buk ing mangkya sampun katutup | ajrih ngêngakêna | pun dêlèr inggih nyaosi | ingkang sami satimbange pêpalihan ||

6. Ngromasèwu ing Lêlêdhok pitung atus | Lèpènbêbêr ingkang | gih tigang atus puniki | kangjêng sultan angandika iya Bêstam ||

7. ingsun tantun kang bakal nglakoni iku | iya raganingwang | nora wruh rupaning bumi | ingkang wêruh Si Dipati Danurêja ||

--- 71 ---

8. besuk esuk iya akongkonan ingsun | pan durung karuwan | marmane ing benjing enjing | karuwane Si Dipati Danurêja ||

9. Bêstam sampun pamit nêmbah sigra mundur | ginanjar rasukan | budhidhar jubah sultani | srêban wungu lan nyamping lonthang bathik bang ||

10. sru gumuyu Bêstam sadalan anyurut | dene kangjêng sultan | pêparinge anyêmoni | paringe anggon-agoning ngulama ||Kurang satu suku kata: pêparinge anggon-anggoning ngulama.

11. têgêsipun kinèn dhongkol bae tèngsun | iya wong wis tuwa | dèn eman têmên sun iki | pasêmone gustiningsun kangjêng sultan ||

12. praptanipun pakuwon panggih gupêrnur | katur aturira | yèn jêng sultan nyêmadosi | inggih benjing enjing badhene utusan ||

13. ya ta wau kawuwusa sang aprabu | saungkure Bêstam | animbali Cakrakarti | praptèng ngarsa kalawan Cakrawijaya ||

14. kinèn nantun timbalanira sang prabu | Dipati Danurja | ambobot-bobot ing bumi | Kalibêbêr ing Lêlêdhok lawan Roma ||

15. pan rong èwu dadia pêparonipun | paroning Banyumas | mêsat Cakrawijayèki | Cakrakarti panggih Dipati Danurja ||

16. wus tinantun kang tinimbang paronipun | paroning Banyumas | kang rong èwu dèn timbangi | Kalibêbêr ing Lêdhok lawan ing Roma ||

17. paronipun Toyamas ingkang pinundhut | satêmah punika | Idêlèr Nikolas Harting | nyaosakên Kalibêbêr [Ka...]

--- 72 ---

[...libêbêr] Lêdhok Roma ||

18. sru gumuyu Dipati Danurêjèku | inggih sampun babag | kula wani kukum ugi | Cakrakarti milane mawrat sampeyan ||

19. karsanipun raka paduka sang prabu | inggih kang punika | kinarya lênggah pêpatih | lurung têngah patang atus dadya wêwah ||

20. badhenipun wingi dhawahe sang prabu | ingkang tanah Pajang | Mataram dipun paringi | Kalibêbêr badhe pêpancèn punika ||

21. gih bêndara rayi paduka dèn ayu | ingkang pinaringan | ing Kalibêbêr pribadi | tigang atus kadang èstri pinancènan ||

22. dunduk. angrungu Patih Danurêja ngungun | angungun kalintang | kamanisên ing pawarti | kanyut saking sakarsa-karsaning sultan ||

23. wuwusipun Dipati Danurêjèku | inggih sampun majad | suka anganggêp sayêkti | pan kapara ing ngriki untung satêbah ||

24. dutanipun kêkalih sarêng wus laju | mring panggènanira | Gupêrnur Nikolas Harting | wus kapanggih têmbunge amundhut desa ||

25. kalih èwu lan punjule tigang atus | ing Lêdhok lan Roma | ing Kalibêbêr lan malih | punjulipun tigang atus lurung têngah ||

26. dyan gupêrnur mundhut mring Pringgalayèku | sadaya wus prapta | katur ing caraka kalih | Lêdhok Roma Kalibêbêr lurung têngah ||

27. sampun mundur duta kalih praptanipun | katur angsalira | kang saking Nikolas Harting | bumi kalih èwu tigang atus kasrah ||

28. sang aprabu suka pinaringkên sampun | Dipati [Di...]

--- 73 ---

[...pati] Danurja | môngka lungguhing pêpatih | bumi bobot santosa tur wutuh kuwat ||

29. tan kawuwus gupêrnur ing pikiripun | prakawis panggihan | kinarsakêna tumuli | lan kang putra Sang Aprabu Surakarta ||

30. enjingipun tuwan dêlèr sowanipun | marang pasanggrahan | pinêthuk pangran dipati | lan pangeran ngabèi sapraptanira ||

31. ing têtarub wangunan binêkta laju | praptèng purantara | pinanggihan ing pandhapi | têtabean ciuman wus tata lênggah ||

32. dêlèr matur paran ing karsa pukulun | prakawis panggihan | lan putra dalêm sang aji | puniku ta wontên adhènging prakara ||

33. ya ta wau sultan ing andikanipun | iya besuk apa | apa ingsun kang nêkani | apa anak prabu nêkani maringwang ||

34. dêlèr matur abên têngah pênêdipun | sultan wau sigra | animbali pra dipati | Pringgalaya miwah Dipati Danurja ||

35. pra tumênggung pra samya tumut lumêbu | praptaning ngajêngan | sultan angandika aris | hèh ta Pringgalaya miwah Si Danurja ||

36. ingsun arsa patêmon lan anak prabu | ingkang adu têngah | Surakarta lan Giyanti | yèn wus padha mupakat bênêr ing têngah ||

37. nuli iku sambutên karyanên tarub | pra sami sandika | andangu mring mantri bumi | aturipun para mantri dhusun Lêbak ||

38. wetanipun saking dhusun Jatossantun | inggih padhêkahan | siti tumut Jatisari | mung punika ingkang pantês têngah-têngah ||

39. ya

--- 74 ---

ta wau jêng sultan ngandika arum | yèn mêngkono padha | nuli garapên tumuli | pêparona Pringgalaya lan Danurja ||

40. sandika wus matah sawiji tumênggung | sigra lampahira | punggawa Surakartèki | Wiradigda Giyanti Prawiradirja ||

41. wus sinambut wau kang têtarub agung | dêlèr pamit nulya | badhe lajêng lampahnèki | amondhongi sang prabu ing Surakarta ||

42. lampahipun mung Pringgalaya kang tumut | sagung pra dipatya | sami kantun ing Giyanti | inggih benjang kewala sami mêthuka ||

43. yèn wus tamtu têdhakira sang aprabu | mêthuk panangkilan | panggihe Nikolas Harting | cêciuman kinanthi manjing jro pura ||

44. dêlèr matur sami basuki sang prabu | inggih ingkang salam | rama paduka Giyanti | apan èstu inggih sami pêpanggihan ||

45. lon sumaur wau inggih sang aprabu | inggih kula sukak | kula sawêg marentahi | damêl sasak yèn sampun dadya umangkat ||

46. dêlèr matur inggih prayogi kalangkung | sang nata ngandika | hèh uprup kang nambut kardi | enggalêna lan jênêngana Walônda ||

47. ya ta matur sandikanira pun uprup | sasak ing Sampangan | idêlèr amit mring loji | ngasokakên badane mêntas lêlampah ||

48. ungkuripun Nikolas Harting sang prabu | animbali sigra | Dipati Pringgalayèki | Kyai Puspanagara Sasradiningrat ||

49. sami tumut sami ngirid ngarsa prabu | wau Adipatya | Pringgalaya awotsari |

--- 75 ---

ingkang salam kangjêng rama jêngandika ||

50. sang aprabu alon pangandikanipun | priye Pringgalaya | paman samêngko watawis | ing undhake sêpuhe ta mandi sapa ||

51. nêmbah matur Dipati Pringgalayèku | nuwun rama tuwan | anèh kalih tiyang Jawi | tingalipun sêpuhipun botên ewah ||

52. ewahipun pan amung sariranipun | pan rama paduka | nguni wêwêg sarirèki | mangke singsêt wêwah ruruhipun rikat ||

53. ulatipun ingkang sangêt ewahipun | aringas agalak | ing andikipun sakêdhik | mèh sumêrêp dhatêng netra pucicilan ||

54. pan rumuhun wong agung liyêp aruruh | angarjuna tuwa | ing mangke ta Dyan Sêtyaki | ewahipun ing pasêmon lawan kina ||

55. malihipun kula kônca sami pandung | inggih pra dipatya | malah anjawil-jinawil | sami bisik-binisik wontên ngajêngan ||

56. drijinipun ing asta miwah ing suku | angrayung samangkya | pan rama paduka nguni | dadya gunggung ing praja bagus utama ||

57. sarwa patut mung satunggil cacadipun | darijining asta | lan dariji sukunèki | kirang ngrayung lan sarira tan sêmbada ||

58. mangkya sampun angrayung kang mulat pandung | anuwun punika | inggih langkung tan kadugi | bilih sangêt kangèlanipun punika ||

59. pun gupêrnur dhatêng ing kula amuwus | priye Pringgalaya | sunan lan kang rama dhingin | nora mèmpêr munduran mèmpêr kang paman ||

60. pun Tumênggung Wirawidigda sumambung |

--- 76 ---

tuwan bênêr dika | bapa paman angèmpêri | kaot ingkang paman sarira wanudya ||

61. kang Sinuhun ing Surakarta satuhu | asarira lanang | kathah kang paman sang aji | sintên mirib ing ngrika sami lan paman ||

62. dêlèr muwus saking doh êblêg satuhu | dupi cinêlakan | susunan mangun nyabrangi | ingkang paman agandês kadya têtandhak ||

63. awratipun rama paduka pukulun | yèn atrap bicara | inggih ambêk Jabarail | botên môntra-môntra ambêka manungsa ||

64. botên etung yèn wawrat mung ambêk purun | tan darbe mêmaras | kala amangun prajangji | ingkang ngadhêp sami tanpa darbe nyawa ||

65. kang pinundhut prajangjian eyangipun | kang raka kang rama | prajangjian kang tinampik | sadêg sanyêt pangantêpe botên ngungkak ||

66. pun gupêrnur sampun pucat ulatipun | nuntên Dongkêl nyêlak | umatur kadya anangis | lilihipun lêjar yèn saking asmara ||

168. Asmaradana

1. pun Dêlèr Nikolas Harting | mèh botên sagêd ngadêga | mulat ramanta dukane | kadya kumukus kang netya | talingan ambaranang | kang imba agung malêngkung | pratôndha sangêt dukanya ||

2. ngandika sri narapati | paman iku sawab apa | anampik prajangjiane | kang raka miwah kang rama | mundhut kang prajangjian | swargi kangjêng eyang buyut | lah iku kacèke apa ||

3. ingsun ingkang angrawati | mung prajangjiane rama | kang ginawe sarawuhe |

--- 77 ---

rama saking Pranaraga | ajangji ingkang lawas | padha sirna gêmpuripun | sajrone aprang lan Cina ||

4. duk praptane komisaris | mêntas bêdhah Randhulawang | kapitan undur lakune | nuli komisaris prapta | amangun prajangjian | nora duwe manah ingsun | mung jangji wangunan anyar ||

5. umatur saha wotsari | Adipati Pringgalaya | dhuh gusti punika malèh | rama paduka ngarsakna | kang apês babar pisan | lêrêsing pamundhutipun | sawab prajangjian tiga ||

6. dèrèng wontên kêpak-kêpik | dèrèng cuwik dèrèng babak | tur umadêg pangrasane | wong sabrang kang anyêlambrang | kêni siku sinipat | ngambil ayam saba dhusun | antuke amêndhêt tundhan ||

7. punika pan botên kêni | tuwin kang dados sêsanggan | pangitunge kinarècèk | tan kenging manjingkên budhak | kalawan sundêlira | Kumpêni rabi pukulun | yèn inggih lawan wong Jawa ||

8. pan botên inganggêp rabi | inganggêp sundêl kewala | botên dèn itung ingone | mung ketung dhudha kewala | amung kang rabi nyonyah | punika ingkang dèn itung | anak inggih botên ketang ||

9. tan kêni ngingkêt sanyari | wêwah silir anggêgampang | inggih barang pratingkahe | tan kêna nyorok tênaga | miwah ukum-ukuman | tan kêni ginggang sarambut | yèn wong Jawa lan wong sabrang ||

10. inggih kisasipun sami | kalamun wêdaling êrah | sanadyan sabrang

--- 78 ---

wong gêdhe | wong Jawa sikêp kewala | tan kêni ingapura | tiniban saukumipun | tan kêni yèn sêsambata ||

11. ing ngriki sampun ngundhangi | Yan Hindrik Johan Abraham | inggih dhatêng Kumpênine | Tumênggung Puspanagara | nambungi gih ki lurah | ngriki wontên tigang dalu | arang Walandi nyêlambrang ||

12. ingkang padha ngambil pitik | Tumênggung Sasradiningrat | nambungi gih lêbêt bètèng | ki lurah wontên sapasar | boya wontên Walônda | ngambil ayam ambêburu | manthuk Radèn Pringgalaya ||

13. gih puniku ingkang mawi | sawab uprup wus parentah | dhèwèk amanut kemawon | mèsêm sang nata miyarsa | alon dènnya ngandika | apêrkara kêris iku | iya Ki Kopèk kewala ||

14. priye panggawanirèki | kothak atawa têmbaga | Radèn Pringgalaya nolèh | Tumênggung Sasradiningrat | matur inggih kêndhaga | mawi samir kang amanggul | lawan sinongsongan jênar ||

15. kang gendhong priyayi mantri | pan inggih mantri kaparak | sang nata pangandikane | ya wis bênêr Pringgalaya | besuk yèn pêpanggihan | êndi ta panggonan ingsun | miwah panggonaning paman ||

16. Dipati Pringgalaya glis | matur saha awotsêkar | paduka nata kang kilèn | rama paduka kang wetan | dêlèr êlèr gènira | inggih ajênge angidul | baris Kumpêni amapag ||

17. lawan prajurit jro sami | makatên dêlèr parentah |

--- 79 ---

lan inggih kaping kalihe | sabên dêlèr tinimbalan | ing rama jêngandika | rayi paduka kang mêthuk | pangran dipati punika ||

18. lawan pangeran ngabèi | pukulun rayi paduka | kang nama ngabèi anèm | pangran dipati kang tuwa | milane sapunika | kang anèm ing dhapuripun | blêg suwargining kang uwa ||

19. lan ing ngriki yèn suwawi | rayi dalêm kalih pisan | Dèn Mas Sêmplo lan Panolèh | kang sampun sami diwasa | punika amêthuka | sabên tuwan dêlèr masuk | kabèh ture tinarima ||

20. kadi kang Rama Giyanti | sang nata apêparentah | padha gêlakên sasake | lan kang karya pasanggrahan | ing Lêbak Jatikêmbang | Pringgalaya kinèn mêtu | lan wadana kalih pisan ||

21. siyaga ngundhangi dasih | rakit baris tata lampah | ingkang anyêkêl waose | benang ingkang wolung dasa | nênggih kang sawêg dadya | pinilihan ingkang patut | kang bagus-bagus agagah ||

§ Lajêng nyandhak Jilid 18.

--- [0] ---

Isinipun

... Kaca

110. Dhusun Giyanti dipun rakit kados kitha badhe kangge palihan nagari ... 19

111. Kêpyakan jumênêng sultan ... 26

112. Maos sêrat palkat tuwin ngêpung ajat dalêm ... 44

113. Ngrêmbag ingkang badhe dados pêpatih dalêm ing Ngayogyakarta ... 52

114. Kangjêng sultan misudha para abdi ... 63

115. Ingkang Sinuhun Kangjêng Sultan pêpanggihan kalihan Ingkang Sinuhun Kangjêng Sunan ... 70.