Sastra Jawa

Program Digitalisasi Sastra Daerah

  • Increase font size
  • Default font size
  • Decrease font size

Babad Giyanti, Balai Pustaka, 1937-39, #985 (Jilid 18)

Katalog:Babad Giyanti, Balai Pustaka, 1937-39, #985
Sambung:
1.Babad Giyanti, Balai Pustaka, 1937-39, #985 (Jilid 01). Kisah, Cerita dan Kronikal | Babad Giyanti #1061.
2.Babad Giyanti, Balai Pustaka, 1937-39, #985 (Jilid 02). Kisah, Cerita dan Kronikal | Babad Giyanti #1062.
3.Babad Giyanti, Balai Pustaka, 1937-39, #985 (Jilid 03) . Kisah, Cerita dan Kronikal | Babad Giyanti #1063.
4.Babad Giyanti, Balai Pustaka, 1937-39, #985 (Jilid 04). Kisah, Cerita dan Kronikal | Babad Giyanti #1064.
5.Babad Giyanti, Balai Pustaka, 1937-39, #985 (Jilid 05). Kisah, Cerita dan Kronikal | Babad Giyanti #1065.
6.Babad Giyanti, Balai Pustaka, 1937-39, #985 (Jilid 06) . Kisah, Cerita dan Kronikal | Babad Giyanti #1066.
7.Babad Giyanti, Balai Pustaka, 1937-39, #985 (Jilid 07). Kisah, Cerita dan Kronikal | Babad Giyanti #1067.
8.Babad Giyanti, Balai Pustaka, 1937-39, #985 (Jilid 08) . Kisah, Cerita dan Kronikal | Babad Giyanti #1068.
9.Babad Giyanti, Balai Pustaka, 1937-39, #985 (Jilid 09). Kisah, Cerita dan Kronikal | Babad Giyanti #1069.
10.Babad Giyanti, Balai Pustaka, 1937-39, #985 (Jilid 10). Kisah, Cerita dan Kronikal | Babad Giyanti #1070.
11.Babad Giyanti, Balai Pustaka, 1937-39, #985 (Jilid 11) . Kisah, Cerita dan Kronikal | Babad Giyanti #1071.
12.Babad Giyanti, Balai Pustaka, 1937-39, #985 (Jilid 12). Kisah, Cerita dan Kronikal | Babad Giyanti #1072.
13.Babad Giyanti, Balai Pustaka, 1937-39, #985 (Jilid 13) . Kisah, Cerita dan Kronikal | Babad Giyanti #1073.
14.Babad Giyanti, Balai Pustaka, 1937-39, #985 (Jilid 14) . Kisah, Cerita dan Kronikal | Babad Giyanti #1074.
15.Babad Giyanti, Balai Pustaka, 1937-39, #985 (Jilid 15) . Kisah, Cerita dan Kronikal | Babad Giyanti #1075.
16.Babad Giyanti, Balai Pustaka, 1937-39, #985 (Jilid 16). Kisah, Cerita dan Kronikal | Babad Giyanti #1076.
17.Babad Giyanti, Balai Pustaka, 1937-39, #985 (Jilid 17). Kisah, Cerita dan Kronikal | Babad Giyanti #1077.
18.Babad Giyanti, Balai Pustaka, 1937-39, #985 (Jilid 18). Kisah, Cerita dan Kronikal | Babad Giyanti #1078.
19.Babad Giyanti, Balai Pustaka, 1937-39, #985 (Jilid 19). Kisah, Cerita dan Kronikal | Babad Giyanti #1079.
20.Babad Giyanti, Balai Pustaka, 1937-39, #985 (Jilid 20). Kisah, Cerita dan Kronikal | Babad Giyanti #1080.
21.Babad Giyanti, Balai Pustaka, 1937-39, #985 (Jilid 21). Kisah, Cerita dan Kronikal | Babad Giyanti #1081.

Serie No. 1259q

Babad Giyanti

Anggitanipun Radèn Ngabèi Yasadipura I ing Surakarta.

Jilid 18.

Bale Pustaka - 1938 - Batawi Sèntrêm.

--- [2] ---

Wêwênangipun ingkang ngarang kaayoman miturut anggêr ingkang kapacak ing sêtatsêblad 1912 No. 600.

--- [3] ---

Ingkang Sinuhun Kangjêng Sultan pêpanggihan kalihan Ingkang Sinuhun Kangjêng Sunan.§ Miturut babon ingkang sumimpên ing Kon. Bat. Gen. v. K. en W.

22. sami abêbêd sêmbagi | ijo bênting cindhe abang | sami nyuriga dhuwunge | asêsingêl kasa pêthak | tinêpèn ijo samya | lancingan kuning grimipun | acawêt cara Madura ||

23. tigang sore ginaladhi | ing lampah mirib tayungan | ing èmpêr amrih rowane | kang môngka tosing gêgaman | lampah munggèng ngayunan | kang badhe ing wurinipun | katanggung lawan tamtama ||

24. nanging maksih lare sami | katanggung pangiridira | Radèn Tirtakusumane | putra ing Mlayakusuman | bancèr kadya lancapan | panumbak pangiridipun | Panji Gringsing rowa rikat ||

25. dêdêg pidêksa apêkik | sami lan Tirtakusuma | sumamar lawan ratune | wus matêng rakiting lampah | ginaladhi jro pura | antawis ing kawan dalu | Idêlèr ing Surakarta ||

26. kang akarya sasak dadi | tuwin ingkang pasanggrahan | undhang siyaga budhale | badhe tumuli budhalnya | Nikolas Harting wusnya | linaporan budhalipun | pan inggih ing benjang enjang ||

27. dêlèr sigra kirim tulis | mring Sultan Giyantipura | lamun kang putra budhale | pan inggih sadintên [sa...]

--- 4 ---

[...dintên] benjang | dalu carakanira | praptaning Giyanti sampun | surat katur kangjêng sultan ||

28. dalu pan datan kawarni | enjing atêngara budhal | atata pangkat-pangkate | sapraptaning Jatisêkar | tinata wadyanira | rinakit jajaranipun | kunêng wau kawuwusa ||

29. Sang Prabu Surakartèki | enjang budhal saha bala | gumuruh wadyakuswane | dêlèr ingkang munggèng ngarsa | nitih kathil sinungan | ing kanan kering palêngkung | wong salawe kang angrêmbat ||

30. saking sangêt jêblognèki | Yan Hèndrik Johan Abraham | kang munggèng kursi ginotong | wau ta dêlèr lampahnya | munggèng ing ngarsa pisan | samarga-marga gumuruh | kang baris angron ing kamal ||

169. Sinom

1. sang prabu ing Surakarta | tan kèndêl samargi-margi | munya Carabalènira | angangkang ngungkuli kawis | wadya andêling baris | nênggih kang satus rongpuluh | kang dèrèng nyêpêng benang | sami waose pribadi | calawênthah akathah ingkang talêmpak ||

2. ingkang munggèng ngarsa pisan | mung satus wadya sragêni | kang nambungi wurinira | kang wetan Andorapati | bung ampèl waosnèki | kalih atus kang kêkintun | Panêmbahan Madura | nulya kang nambungi wuri | waos calawênthah satus kalih dasa ||

3. punika akira-kira | dening prajurit Giyanti | wong pamuk kang bosên gêsang | dene waose katawis | nadyan wadya pasisir | mulat puniku kumêpyur | kapriye mêngko baya | dadine [dadi...]

--- 5 ---

[...ne] lêlakon iki | bok sang nata ing Surakarta kemutan ||

4. lamun kagungane ilang | ing tanah Jawa sapalih | nuli mulata kang paman | kang gawe ilanging bumi | sakala manaputi | banjur anyuriga gapyuk | tan wun kang bawarasan | puniku sami bupati | kawuwusa wau lampahe sang nata ||

5. idêlèr kang munggèng ngarsa | têdhak ing titihannèki | sultan angikis têratag | amêthuk Nikolas Harting | tabe rangkulan aglis | sawusnya cium-cinium | lajêng dènira lênggah | nèng lèr kidul ajêngnèki | angantosi praptane prabu taruna ||

6. kang pra dipati sadaya | Bupati Surakartèki | wau kang sami tinilar | kang kantun anèng Giyanti | mangkya amêthuk sami | sakilèning Jatossantun | lan saprajuritira | wus panggih lajêng miranti | nganan ngering lampahe kang pra dipatya ||

7. kadya biyuha mangkara | ing lampahira narpati | wadya jro kang munggèng dhadha | sêsungute pra dipati | prapta ing Jatisari | kèndêl sakêdhap sang prabu | kang dinangu aturnya | wus cêlak sabulak kari | sabulake nyamut-nyamut langkung têbah ||

8. kang Carabalèn kapyarsa | saking badhene kapanggih | muluk suwarane ngangkang | cingak kang sami miyarsi | têmlawongan ngungkuli | dènira kalingan dhusun | pangarsa wus katingal | gumrêgut swaraning dasih | sarêngipun kadya wong umagut yuda ||

9. dhasar sang narpa taruna | amangunayèng tyas wingit | barubah kadya [ka...]

--- 6 ---

[...dya] ginubah | wardaya mawrêdi wêrit | anon solahing dasih | driya bangun angun-angun | kang abdi kawan dasa | kang ngambil papaning baris | nora etung papan kang sampun kanggènan ||

10. mring wadya Giyantipura | pangêndhihe nunjang wani | andhupakana ambuntar | sagung prajurit Giyanti | wus sami nandhang wangsit | parentahe ratunipun | sadaya winangsitan | sagung kapala prajurit | duk angkate saking ing Giyantipura ||

11. besuk lamun pêpanggihan | anèng Lêbak Jatisari | lan wadya ing Surakarta | padha nyabarana budi | lamun dèn piangkuhi | lan balane anak prabu | nadyan tinabokana | aja na malês sirèki | sinêndhala krismu wèhêna kewala ||

12. poma lamun ladènana | pacuan ingsun patèni | iya kang sapa kelangan | duwèke ingsun lironi | ilang rongpuluh ajiiji. | sun têmpuhi patang puluh | wadya nuhun sadaya | sami karaos ing galih | pan sadaya sandika datan sumêlang ||

13. jêng sultan dènnya ngandika | lan sagung lurah prajurit | sarwi anênggak kang waspa | pangandikanira aris | kapriye tanah Jawi | têka nistha wêkasipun | baya karsaning Suksma | tinitah ing tanah Jawi | besuk apa ungguling ing tanah Jawa ||

14. sapa ingkang karya tiwas | asore karaton Jawi | sultan dènira gunêman | bêbocahan têgêsnèki | lingsêm lan pra dipati | panêpèn panggènanipun | mung kang pinarentahan | sagung [sa...]

--- 7 ---

[...gung] kapala prajurit | sêsampune parentah lajêng ngandika ||

15. payo padha umatura | sapakolèh rare cilik | umatur Jayakusuma | katanggung wadananèki | nênggih Radèn Ngabèi | Jayakusuma puniku | anake Jayaningrat | ing Pakalongan Dipati | amarentah maring prajurit jro samya ||

16. wiwara warananira | Pangran Natakusumèki | nganthuki Yudakartika | kalawan Prawirasêkti | umatur awotsari | ing pangraos kawulèku | inggih putra paduka | Mangkunagara kang kardi | ing tiwase nistha soring tanah Jawa ||

17. ing nguni putra paduka | sadèrènge bêngkêlahi | duk maksih anunggil karya | paduka karya pêpatih | lok tanah sabrang wingwrin | Kumpêni buh polahipun | tyase kantun salingsa | dupi mangkya bêndhèng pikir | tyas salingsa sakêdhap dados sagajah ||

18. ngraos pulih unggulira | wèh babah tan kêntèn pikir | milane Suryakusuma | kang karyasor tanah Jawi | Ranadirada aglis | nambungi saha wotsantun | punika kalairan | Mangkunagara nêtêpi | angrêriwuk ing karya mrih kaluhuran ||

19. ing sayêkti kabatosan | pan raka paduka swargi | kang sumare ing Nglawiyan | niaya lêkasing jurit | tanpa dosa Kumpêni | niaya arsa ginêmpur | nuntên kang kantun wuntat | ing lampah paduka nguni | kang ngrêriwuk Adipati Pringgalaya ||

20. ngêlar jajahaning mêngsah | ngrupak jajahan pribadi | pikiripun [pikir...]

--- 8 ---

[...ipun] Pringgalaya | bantoni nisthaning bumi | têmah risak samangkin | pikir kuthuh karya lêtuh | gumujêng sri narendra | sakêdhap lêjar tyasnèki | matur malih Ngabèi Ranadirada ||

21. punapa rayi paduka | tan matur ing padukaji | inggih Pangran Mangkuningrat | sultan angandika aris | durung matur ing mami | iya atur êndi iku | nêmbah Ranadirada | duk maksih wontên nagari | Surakarta têngga putra padukendra ||

22. duk Maduntên baris Pokak | Pangran Mangkunagarèki | sami angrampit ing Sala | kanthi Pangran Singasari | kathah bêkta bupati | Jadirja Mas Rôngga tumut | Garêmêt pinêthuk prang | wadya lêbêt kang nindhihi | rayi dalêm pan Pangeran Pakuningrat ||

23. lan Dipati Pringgalaya | nindhihi sawadya Jawi | wetan Garêmêt rame prang | êpur kasaput ing wêngi | saunduripun gusti | dalu ingandikan masuk | ing putra padukendra | panêpèn dènnya manggihi | duk punika Sang Prabu ing Surakarta ||

24. winilis prajuritira | gêdhong kaparak lan patih | kêkalih ingkang kaetang | kalih èwu samas maksih | sadangunipun pikir | rayi paduka umatur | Pangeran Pakuningrat | ngaturi têkiyar budi | abdi dalêm prajurit sawontênira ||

25. inggih pinara sakawan | atamping ngiras manawi | sami arêbat jajahan | kilèning Ngasêm abaris | kidul sakidul Baki | kang wetan ing Jatossantun | kang êlèr mirid lawan | wana ing Jèbrès prayogi | têtindhihe [têti...]

--- 9 ---

[...ndhihe] punggawa ingkang prayoga ||

26. lan paduka wênangêna | macak wong desa patinggi | kang pantês purun ing karya | punika dinamêl mantri | lan paduka têdhaki | ping kalih sawulanipun | mrih têtêp tyasing wadya | putra dalêm sri bupati | sauripun lêrêplêrês. Paman Pakuningrat ||

27. yèn sampuna pinitungkas | ing raka dika suwargi | kala ngajêngakên gêrah | sabalike wong Matawis | makatên dènnya wêling | inggih swargi raka prabu | kulup sapungkur ingwang | yèn sira madêg narpati | aja tiru ingsun iki ratu tiwas ||

28. kalawan wêwêkas ingwang | pamanira Mangkubumi | sapolah-polahe iya | aja sira anglawani | kajaba ta sirèki | omah siji paturonmu | rinusak pamanira | iku sakarsanirèki | lamun ora mêngkono lah aja-aja ||

29. karana karaton ingwang | tiwas durakèng Hyang Widi | kang anêbus tiwas ingwang | pamanira Mangkubumi | sultan duk amiyarsi | Ranadirada turipun | marêbês ingkang waspa | adrês kadya toya mili | tan kasahid tinutupan usap tangan ||

30. angêbês kang usap tangan | tyas wêrit kadya rinujit | barubah kadya ginubah | kondur tutup wadanèki | praptane tilam aji | ambyuk kasasar ing kasur | ngadhuh apêtak jaja | akasa kadya nungkêbi | pan kabubuh êmbuh ing wardaya kambah ||

31. nuntên enjinge jêng sultan | lilih lêjar ingkang galih | puniku lajênge budhal | praptanira Jatisari |

--- 10 ---

wus ayêm sawadyèki | momot bineka tan keguh | ngalah angalu alah | matêng dènnya marentahi | duk punika idêlèr manggil punggawa ||

32. kêkalih ing Surakarta | kalih punggawèng Giyanti | Ki Tumêngung Arungbinang | Tumênggung Wiradigdèki | punggawa ing Giyanti | Rôngga Prawiradirjèku | lawan Suryanagara | sakawan wus dèn bisiki | mêngko lamun prapta Prabu Surakarta ||

33. padha sira alang-langa | ngubêngi kang baris-baris | prajurit ing Surakarta | miwah prajurit Giyanti | bok ana rêbut pikir | rêmbugan atêmah padu | nuli sapihên enggal | karo rih-arihên sami | ya dèn padha eling padaning Hyang Suksma ||

34. aja na wong gawe gita | ing samêngko ukum pati | sakawan wus sami lênggah | amêrnah pinggiring margi | margi kang badhe nênggih | kanggènan baris puniku | sang prabu kèndêlira | pan nênggih sawetan kali | ingkang abdi sami wêwisuh sadaya ||

35. sawusnya budhal sang nata | angrantêg kang Carabali | wus mêdal saking ing Karang | wus anglela saking têbih | wau ta sri bupati | anitih Kyai Panêmbung | tungtunan alun drêsa | ngarsaning upacarèki | ingkang ngarsa waos benang wolung dasa ||

36. ing wurine waos benang | kumrêbêt sanjata karbin | waos cêmêng kalih dasa | ponthang [...]mas. sapta [...]jêjinggring. | kang nyêpêng rare sami | sami busana bra murub | wau têbih katingal | panggenan sri narapati |

--- 11 ---

turôngga gêng dadya saking doh anglela ||

37. arja abajo sang nata | baludru wungu binudir | asongkok têrus rinêngga | bintang ing jaja nêlahi | anyamping polos wilis | katri Ki Bêlabar dhuwung | cinothe munggèng ngarsa | lancingan wungu pinaji | nyamping kencong sêrigak Dhusthajumêna ||

38. nalika kinutug dupa | duk ingangkat senapati | amangsah prang bratayuda | mangkana wau sang aji | wus cêlak lampahnèki | pasisir para tumênggung | ngungun pamulatira | ing prabawa anêlahi | pukul sanga angetan ajênging lampah ||

39. dadya pagut sarawungan | sunaring pradônggapati | lan ujwalèng sri narendra | kadya kartika sêsiring | lan ôndakara tistis | putus ing ima manaput | dumipèng ngôntariksa | rêrasan kang pra dipati | ing pasisir mangungun ing wêwangunan ||

40. kang putra lawan kang paman | tambuh binuwang pinilih | ing mêngko nitahna Jawa | padha prayogane kalih | dene padha rêspati | iya nora dumèh bagus | sêmbadane sarigak | kalihe wangun prajurit | môngsa bodho sinung wahyu kalih pisan ||

41. ika Pangeran Bintara | tan waris dadi prajurit | ujar dhapure mangkana | wadhag nora parak ati | mung kumêthak andadi | dadak mèmpêr Nayaburuh | badhude wong Kêmlayan | lamun mèmpêra priyayi | kajinêman kapurbayan Nayagarwa ||

42. mung kang caplak dhêdhapuran | Pangeran [Pangera...]

--- 12 ---

[...n] Buminatèki | sumêndhi ing Pakauman | tumrêsêp lurahing modin | jog bakda Subuh mijil | banjur angrakoti jagung | sakêdhap antuk sanga | suwe tèk satêngah sênik | apa marga ing paprangan prawiraa ||

43. wus cêlak narpa taruna | piyak wadya nganan ngering | amèt kikising taratag | jinarag ing tingkah sami | têdhak sri narapati | kikising têtarub agung | gupuh wau kang paman | lan Dêlèr Nikolas Harting | gurawalan mêthuk marang ing taratag ||

44. lan dêlèr tabe sakêdhap | nolih mring kang paman aglis | gapyuk sarêng sêsalaman | dangu pandhêkune sami | kang rama ngandikaris | sami basuki nak prabu | inggih sami raharja | paman wilujêngan sami | saur inggih saksana sami alênggah ||

45. Sang Prabu ing Surakarta | kang munggèng kilèn anênggih | Sultan ing Giyantipura | nèng wetan gènira linggih | mangilèn ajêngnèki | kang putra ngetan jêngipun | dêlèr lèr ênggènira | tan ana walang asisiksalisik. | pan adhêdhêp sajronirèng pasamoan ||

46. Sang Prabu ing Surakarta | nolih ing radèn dipati | Adipati Pringgalaya | dhuwung kinèn mundhut aglis | pan masihmaksih. dèn songsongi | wontên pungkure sang prabu | pinanggul nèng kêndhaga | sarwi sinongsongan kuning | duk pinundhut mring Dipati Pringgalaya ||

47. binuka saking kandhaga | buntare cinandhak nuli | ingampil ing asta kanan | apan maksih dèn songsongi |

--- 13 ---

masuk taratag aglis | ingkang payung ingkupipun | karturkatur. sang nata nyandhak | sarwi ngadêg saking kursi | idlèr gupuh ngadêg ing ngarsa sang nata ||

48. arsa mring gène kang paman | jêng sultan gupuh nêdhaki | amurugi ingkang putra | angaturkên dhuwungnèki | sigra dènnya nampèni | sarwi atêtanya arum | inggih sintên punika | anak prabu masiyati | ingkang putra matur Ki Kopèk punika ||

49. anulya sami alênggah | kang dhuwung lajêng winangking | dêlèr langkung sukanira | mulat sarèhe sang aji | Prabu Surakartèki | kang netya sampun aruruh | miwah ta kangjêng sultan | ingkang netya sampun aring | nanging jawi wadyalit kang maksih rungak ||

50. dêlèr agunganggung. dènnya mulat | ing baris kang kanan kering | nanging sêngadi ing tingal | wingit tambuh mitambuhi | mèsêm anganan ngering | wusana antaranipun | ayêm sarèh ing kathah | dêlèr micantên miwiti | tuwan sunan utawi ta tuwan sultan ||

51. ing mangke sami narimah | lamun titahing Hyang Widi | yèn inggih ing tanah Jawa | sinungan ratu kêkalih | Kumpêni apan darmi | kinarya jalaranipun | iradat tuwan Allah | saking padoning Hyang Widi | kadiparan badan lamun sak sêrika ||

52. sayêkti mungkir ing titah | duraka gêng kang pinanggih | yèn ana mungkir ing titah | Gusti Allah tan nglilani | langite dèn aubi | ingancikan buminipun | sultan lan ingkang putra | sami mèsêm dènnya nglirik |

--- 14 ---

dene dêlèr polahe apalengosan ||

53. menga-mengo dènnya ngucap | utamine sri bupati | tuwan sami damêl surat | tapak asta sapuniki | tuwan pasrah sapalih | ing rama tuwan puniku | tuwan sultan damêla | tapak asta yèsyèn. wus tampi | tanah Jawa sapalih saking kang putra ||

54. saksana sami nênurat | wau kang narendra kalih | wus dadya tampan-tinampan | sultan sampun anampani | kang putra suratnèki | tuwin ingkang putra sampun | tampi saking kang paman | sami tapak astanèki | ingkang putra animbali Pringgalaya ||

55. hèh Pringgalaya matura | sira maring paman aji | prakara têlung wadana | kang dadi pasrahanèki | ing jro iya kêkalih | gêdhong lan kaparakipun | pan sawahe kewala | wadanane misih kari | ya Si Puspanagara Sasradiningrat ||

56. jaba Si Mlayakusuma | iku ta kang padha kari | têgêse dènnya suwita | sirah sagaluntung sami | jaba wadana kalih | numbakanyar bumijèku | têkan wadananira | kasrah marang paman aji | sigra wau Adipati Pringgalaya ||

57. umarêk ing kangjêng sultan | ature sarwi wotsari | tinêmbungakên sadaya | sultan angandika aris | iya Pringgalayèki | sakarsane anak prabu | ingsun nurut kewala | wadana pasrahanèngkipasrahannèki. | sasukane mungguh wong padha suwita ||

58. ana ngêtutakên sawah | ana tinggal sawahnèki |

--- 15 ---

sêsênêngan wong suwita | pan ora kêna pinardi | manthuk Sang Adipati | Pringgalaya nuli mundur | matur ing gustinira | wau saprakawisnèki | andikane ingkang rama kangjêng sultan ||

59. tan adangu Pringgalaya | kangjêng sultan angêjèpi | mring Dipati Pringgalaya | sigra marêk marêpêki | sultan ngandika aris | matura ing anak prabu | iya Si Saradipa | sun têdha milua mami | sun lironi iya Si Mangunnagara ||

60. anake Mangunnagara | iya kang mati ing loji | anak prabu nora ana | turun Mangunnagarèki | Pringgalaya wotsari | ngilèn prapta nêmbah matur | pukulun rama tuwan | mundhut pun Saradipèki | angaturi nênggih pun Mangunnagara ||

61. Sang Aprabu Surakarta | mèsêm angandika aris | aturna Si Saradipa | marang kangjêng paman aji | wau Sang Adipati | Pringgaya nguwuh-uwuh |Kurang satu suku kata: Pringgalaya nguwuh-uwuh. Tumênggung Mangkuyuda | gène wurine sang aji | dika turkên puniku Si Saradipa ||

62. mêdal ing wuri kewala | Tumênggung Mangkuyudèki | sinrahakên Danurêja | nèng wuri sultanirèki | Mangunnagara nuli | tinampan binêkta sampun | ngilèn Ki Mangkuyuda | wangsul panggènane malih | wau sultan anggambuhakên andika ||

170. Gambuh

1. Nikolas Harting muwus | matur ing raja sakalihipun | inggih lamun sampun palihan nagari | anuntên amikir mungsuh | rama paduka kang sagoh ||

2. anyirnakakên mungsuh | tuwan sunan [su...]

--- 16 ---

[...nan] apan botên tumut | rama tuwan sultan sampun ananggupi | sinêksèn tuwan gurnadur | sultan nambungi wiraos ||

3. lah inggih anak prabu | ngeca-ecaa anèng kadhatun | maringana urunan mantri satunggil | pantês wong tuwa katêmpuh | anglabuhana botrepot ||

4. Prabu Surakartarum | dhatêng kang paman ngandikanipun | kula môngsa tegaa mring paman aji | abdi kula pra tumênggung | sadaya kantuna ing jro ||

5. gêdhong kaparakipun | punapa Dipati Pringgalayèku |Lebih satu suku kata: pun Adipati Pringgalayèku. sakancane nênggih pra Dipati Jawi | andhèrèka rama prabu | sakarsa rèh ing palugon ||

6. idêlèr sru gumuyu | rada pirapêt pamuwusipun | mendahane tega mring wong tuwanèki | bapak mudhanya mung itu | abagus surèng palugon ||

7. kapindho sami ratu | dhasar nadhahi bot eman ewuh | tanah Jawa kang putra nora dèn iri | mung uwong tuwa katêmpuh | kang putra mung urunan wong ||

8. wuwuh larih ping têlu | dupi kaping pat ing larihipun | wusnya sêsalaman lan kang paman malih | tabean lawan gupêrnur | sang nata têngara bodhol ||

9. mung dêlèr aturipun | nuhun Dipati Pringgalayèku | pan binêkta wangsul mring Giyanti malih | ngrampung bicara kang kantun | kang lajêng tumênggung roro ||

10. Mangkuyuda Tumênggung | lan Wiradigda dhèrèk sang prabu | sunan ngilèn sultan lan Nikolas Harting | wangsul ngetan kalihipun | pan kondur ngilèn sang katong ||

--- 17 ---

116. Tata-tata badhe nglurugi mêngsah dhatêng Pranaraga

11. prapta ngadhaton sampun | Giyanti malih ingkang winuwus | sapraptane nagri ing Giyanti malih | Dipati Pringgalayèku | gunêm prang ngiras mêmaro ||

12. dêlèr parentahipun | nuli ngirasa siyaganipun | mêpak bala sakapraboning ajurit | banjur padha gitik mungsuh | Pringgalaya ngaliha gon ||

13. ngumpula ing Marêbung | bupati jaba aja na kantun | padha ngiras siyaga kaprabon jurit | ana barisan Marêbung | kanthi Mayor Istimolor ||

14. panggihan bubaripun | anèng dhusun Lêbak Jatossantun | sinêngkalan natastha ngobahkên bumi |Sengkalan: natastha ngobahkên bumi (1681 A.J., 1755/56 A.D.). dêlèr ature pukulun | ing tigang dalu kemawon ||

15. kula anuntên mantuk | kang kula bêkta Brikton lan Ubrus | pun pan dêr Pol inggih lan pun Dongkêl sami | kang darbe karya prangipun | dhèrèk ing paduka katong ||

16. Pringgalaya sirèku | nuli budhala marang Marêbung | Istimolor senapatining Kumpêni | kang dados sosoranipun | Kulman lan Sungrat wong loro ||

17. Dongkêl pan dêr Pol iku | Kapitan Beman sosoranipun | lan Kapitan Pitlar gêdhene upêsir | sultan pangandikanipun | Pringgalaya sun wèh wêroh ||

18. Si Surabrata [Surabra...]

--- 18 ---

[...ta] lampus | iku bênêre bupatinipun | anak prabu Bupati ing Pranaragi | iya apa sira nurut | anut ing pamilih ingong ||

19. wong Pranaraga iku | Suradiningrat pranakanipun | pira-pira nora ana kang abêcik | Pringgalaya nêmbah matur | sumanggèng karsa sang katong ||

20. putra dalêm sang prabu | pasthi yèn anut karsa pukulun | kangjêng sultan pangandikanira aris | kang bêcik mung siji iku | Surabrata kang sun anggo ||

21. biyung ing Puluhwatu | kambon wong Pajang Mataram iku | pan anake Si Suradiningrat siji | anèng Gêrêsik gènipun | dadi mantune wong kono ||

22. iya tumênggungipun | Grêsik kanoman martuwanipun | Radèn Bratawirya jêjulukirèki | idêlèr pundhutên iku | ya Si Bratawirya kang wong ||

23. anak Pranaragèku | arsa sun gawe bupatinipun | Pranaraga iya Si Bratawiryèki | dadia punggawanipun | anak prabu prayoga wong ||

24. wêtokna wetan besuk | kon ngatêr wong Madura rongèwu | wong Madura baris ana ing Kêdhiri | Istimolor saking kidul | sun kang mukul maring kulon ||

25. Nikolas Harting saguh | inggih lêrês yèn pinaju têlu | sampun tigang dalu dêlèr lajêng pamit | gunêming prang sampun putus | mung kari gunêm pêparon ||

26. yèn Pringgalaya sampun | nunggal barise anèng Marêbung | ya ing kono angiras pikiran malih | ing

--- 19 ---

bumi pêparonipun | sigra Tuwan Dêlèr bodhol ||

27. lan pra dipatinipun | ing Surakarta marang Marêbung | mung Dipati Pringgalaya kang angirid | marang ing Surakartèku | prapta lajêng mring kadhaton ||

28. lan Pringgalaya tumut | wau sang nata pamêthukipun | srimanganti kinanthi marang jro puri | prapta wus tata alungguh | dêlèr matur mring sang katong ||

29. pukulun sang aprabu | sampun sah barang ingkang rinêmbug | Pringgalaya lan rama tuwan Giyanti | angiras amukul mungsuh | sinambi dènnya pêparon ||

30. pun Pringgalaya laju | lajêng adandan anèng Marêbung | anambungi Dipati Pringgalayèki | gusti salam taklimipun | rama paduka sang katong ||

31. inggih lan malihipun | pun Surabrata punika lampus | bupatine nagari ing Pranaragi | ingkang adamêl rumuhun | inggih Sultan ing Giyantos ||

32. gih mangkya anakipun | pun kaki Suradiningrat agung | sami awon-awon ing pratingkahnèki | tan wontên ingkang apatut | mila ramanta Giyantos ||

33. amundhutakên sampun | dhatêng sudara dalêm pukulun | anakipun ingkang wontên ing Garêsik | Bratawirya namanipun | idêlèr nambungi alon ||

34. inggih ta sang aprabu | rama paduka sultan puniku | langkung sagêd ing piyangkuh anasabi | amundhut Bratawiryèku | anak Pranaraga kinon ||

35. Garêsik ênggènipun | kinèn [kinè...]

--- 20 ---

[...n] ngatêr Madura rongèwu | dèn wêtokna iya nagara Kadhiri | batine amundhut bantu | laire têka mangkono ||

36. mundhut Bratawiryèku | kinèn ngatêrna gêgaman agung | panandure mring nagari Pranaragi | tan purun ngarani bantu | têka bisa ngenggok-enggok ||

37. ngandika sang aprabu | jêng paman ika kèh undhakipun | wêwatêke atutuk tungtung prak ati | gandês luwês ing pamuwus | amanis rêmên gêguyon ||

38. tan bisa tiru ingsun | kêdaling tutuk groyok gêrawul | lan amèmpêr kang raka jêng rama swargi | nging paman garoyokipun | mung têlung kêcap kemawon ||

39. cinandhak cangkêdipun | agandês atèr manise nusul | nanging ana radane dadia èstri | menje jêro paman iku | têka duwe watak tanggon ||

40. amung wiraganipun | angragakakên pangrêngga wuwus | iya apa paene kaya Si Sawit | Pringgalaya sru angguguk | lêrês pangandika katong ||

41. nglangkungi gandêsipun | nanging asêdhêp wijiling tutuk | nanging inggih rama paduka yèn runtik | wikana ing sangkanipun | mêdosi wèh asmarèng don ||

171. Asmaradana

1. Gupêrnur Nikolas Harting | umatur marang sang nata | kula benjing-enjing bodhol | mantuk dhatêng ing Samarang | lajêng apêparentah | wong Madura ingkang bantu | pundhutane rama tuwan ||

2. dhatêng ing môncanagari | ngangkatakên Bratawirya | kula botên [bo...]

--- 21 ---

[...tên] pamit malèh | pun Dipati Pringgalaya | inggih nuntên enggala | lampahe dhatêng Marêbung | siyaga nuntên rumata ||

3. putus têrang kang pinikir | wau dêlèr sampun mêdal | Mayor Ubrus Petor Brikton | sampun tata lan sang nata | parêng ing wêdalira | datan kawarna ing dalu | pukul pat ing budhalira ||

4. ing wuri Pringgalayèki | datan arsa ingatêrna | Nikolas Harting antuke | mung wong pasisir kewala | nênêm kang pra dipatya | Pringgalaya mring Marêbung | lan sagung wadana jaba ||

5. kunêng kawuwusa malih | Sultan ing Giyantipura | parentah mring punggawane | Adipati Jayaningrat | Mataram kang dinuta | mantuk lan sakancanipun | nênggih kinèn akaryaa ||

6. pasanggrahan ngardi Gamping | lan kinèn mawi jêjagang | pêngabar balumbang larèn | panggenan mariyêm rolas | rôntaka salawe prah | yèn kangjêng sultan anglurug | sagung rêrepot sadaya ||

7. kinumpulkên ngardi Gamping | myang rabine wadya-wadya | sadaya ingkang rêrepot | sultan arsa ngantêp yuda | anirnakakên mêngsah | Janingrat sakancanipun | mantuk dhatêng ing Mataram ||

8. praptanira gunung Gamping | kinêrig anambut karya | wadya ing Mataram kabèh | tan alami wus palasta | kadya loji rakitnya | lêlarèn kaisèn banyu | pangabare bètèng jêmbar ||

9. Jayaningrat ing Matawis | sampun ngaturi uninga | yèn sampun pandamêlane | mriyêm [mriyê...]

--- 22 ---

[...m] rôntaka pinasang | munggèng baluwartinya | rong lapis lêlarènipun | susun jagang kapurancang ||

10. kang kinèn ngrakit mriyogi | angreka pakewuhira | nênggih pun Kapitan Markèt | wau praptane kang duta | sultan arsa kêkirab | ngundhangi prajuritipun | dènnya ngadêgakên anyar ||

11. ginaladhi sabên ari | mangkyarsa mulat kirabnya | lan nyingkirakên rêrepot | Kapitan dêr Pol tinilar | Dipati Danurêja | sapalih kang pra tumênggung | sapalih ingkang binêkta ||

12. samakta sagung prajurit | jêng sultan têngara budhal | gumuntur mriyêm kurmate | sumahab lampahing bala | busana warna-warna | pangarsa sragni cêcênthung | kalih atus ambêranang ||

13. sikêpan sangkêlat abrit | sadaya rasukanira | sangkêlat cêmêng cênthunge | salaka kinarawistha | abra pating paluncar | calana sangkêlat dadu | banderanira sakawan ||

14. panumbak ingkang nambungi | Jagabaya sangkragnyana | lan patranala kumpule | kalih atus arasukan | cêmêng cêcênthung abang | samya bang calananipun | ing wuri wong anirbaya ||

15. rongatus sêsikêp karbin | calana abang sadaya | arasukan kotang ijo | kinayu-apu bang samya | cêmêng talakupira | salaka mawi panunggul | myang rineka puspa karna ||

16. salaka ingkang kinardi | tuwin tèdhèng binacingah | gumêbyar-gêbyar saking doh | panumbak wong namèngyuda | kanoman maodara | lan miyôngga kalih atus |

--- 23 ---

rasukan dadu sadaya ||

17. talakup sangkêlat abrit | calana abrit sadaya | salaka munggèng sêsinom | kinatunggèng supit urang | salaka palêtukan | yèn tinon pating kalêpyur | kadya kartika sumêbar ||

18. nulya bêrancah ing wuri | wirabraja bajranala | mijikarti yasa tamèng | lan towok jêmparing nutra | tulup wisa pracôndha | pêdhang yudamênggalèku | atêpung lan darpaita ||

19. wong singanagara sami | salawe sami angliga | pinandhi sami wêdhunge | kêkalih kang sinongsongan | mawi samir kang bêkta | kang kinarya namanipun | Bumtamancak Arab-arab ||

20. Martalulut burinèki | amanggul takjir sadaya | munggèng kuda wong salawe | baris katanggung wurinya | pinilih Suranata | nulya upacara prabu | lan prajurit palawija ||

21. lêlurahe Dêmang Kênthi | lan Dêmang Kaladêrgôngsa | puniku prajurit cebol | Bali Bule Yudaningrat | pekoh pèndhèk kapalang | manjing sèwu kalih atus | prajurit turôngga ngarsa ||

22. wolung atus kanan kering | gangsal atus munggèng wuntat | ambêranang busanane | dhêndhêng angêmbang pêlasa | nulya prajurit dharat | kang sami jajari tandhu | lampahe awijang-wijang ||

23. dragundêr wolung dasèki | kang munggèng wuri narendra | sawidak jalan kakine | ingkang nindhihi rêmbatan | amor prajurit dharat | wus lêpas ing lampahipun | nabrang bangawan Tangkisan ||

24. kang baris [ba...]

--- 24 ---

[...ris] Marbung miyarsi | sultan têdhak mring Mataram | sigra Mayor Istimolor | ngundhangi wadyarsa kurmat | Dipati Pringgalaya | budhal sarêng mayoripun | prajurit kuda kewala ||

25. saking Marbung budhal enjing | miyarsa jêng sultan ika | nèng Jimbung badhe kèndêle | wau dènnya masanggrahan | Dipati Pringgalaya | lan mayor jujug ing Jimbung | tata baris dragundêrnya ||

26. anèng ing bangku alinggih | Adipati Pringgalaya | miwah Mayor Istimolor | mulat ing bala rêrêmbat | ingkang dhingini prapta | wontên jagul patang èwu | mayor eram dènnya mulat ||

27. Mayor Istimolor angling | hèh Dipati Pringgalaya | tuwan sultan sampun akèh | jagule kadi wus rumat | kaprabon ing lurugan | mangkata ing siyang dalu | botên kèthèr kadi dika ||

28. jagul samantên puniki | yèn nuli mangkat ngluruga | yêkti kurang gêgawane | luwih sikêp sayêktinya | punapa botên merang | kang sami baris Marêbung | sikêp satus dèrèng punya ||

29. inggih bedane punapi | Giyanti lan Surakarta | têka kari sabarang rèh | Adipati Pringgalaya | sumaur angrêrêpa | inggih tuwan bedanipun | sultan wong agung wus tuwa ||

30. sabarang rèh ing nagari | angawaki sampun bisa | lan tate nglakoni gawe | nguni dadya kapala prang | duk alame kang raka | mila sapratingkahipun | gêdhag-gêdhig sagêd rikat ||

31. mayor wuwusira wêngis | mangke sultan andangua |

--- 25 ---

ngajak nuli pangluruge | kadipundi saur kula | Dipati Pringgalaya | tuwan inggih ampunipun | anuhun dèn antosana ||

32. kasaru dêdamêl prapti | pangarsa prajuritira | ambêranang busanane | akathah awarna-warna | wus andadi barisnya | balane pan wuwuh-wuwuh | mayor lawan Pringgalaya ||

33. mêdhun saking kursi sami | amêthuk praptane sultan | dragundêr tata barise | badhe urmat drèl punika | bala pangarsa pisan | piyak mayor eram dulu | dadine prajuritira ||

34. akathah awarni-warni | prajurit angering nganan | wau Mayor Istimolor | katingal ing kangjêng sultan | êdrèl dragundêrira | sultan suka dènnya dulu | wus têdhak saking turôngga ||

35. Kapitan Dongkêl ngabani | êdrèle dragundêrira | sigra Mayor Istimolor | nyandhak tabe lawan sultan | sarêng binêkta lênggah | Dipati Pringgalayèku | angabêkti ngaras pada ||

36. Pangran Natakusumèki | lan sakancane punggawa | sumiwi ing ngarsa katong | Adipati Pringgalaya | pra sami sêsalaman | anunggil dènira lungguh | lan Pangran Natakusuma ||

37. Pangran Natakusuma ngling | lah kapriye Pringgalaya | têka lawas panganggure | mundhak anglêlêmu mêngsah | sira pan durung rumat | gonira amêpak jagul | lan kumpul prajuritira ||

38. Pringgalaya anauri | kowe kono kaya apa | ingsun kene misih repot | Pangeran Natakusuma |

--- 26 ---

angling sun pan wus pêpak | umangkata sore esuk | samôngsa dhasar wus rumat ||

39. kowe iki sun arani | bêlarat nora sêmbada | pêrang dhèwèk nora enjoh | mêpak jagul dadak randhat | lah iya pijêr apa | sêmbrana pijêr angantuk | basakna buh tinêmua ||

40. padu pêparon bêkicik | giyota wus anêmbala | muliha mring Kalipepe | gumêr sagung kang miyarsa | Dipati Pringgalaya | nauri sarwi gumuyu | pae ta Radèn Supama ||

41. bêranyak rikat tarampil | bèbèt kali niti ladak | tanjak êncak naracake | apa kowe wani aprang | karo Mangkunagara | Pangran Natakusuma sru | yèn ijèn môngsa wêdia ||

42. mibêra maring wiyati | amblêsa soring samodra | pan ora dadak kumêdhèp | sadangunira poyokan | Istimolor miyarsa | lingsêm alênggah tumungkul | kadhang ngarti kadhang ora ||

43. nanging dèn titèn-titèni | abênêr Natakusuma | sêmbada sarta ladake | dènnya jagule wus rumat | tigang èwu sadaya | gunggungipun kawan èwu | kang sèwu saosan sultan ||

44. kang tigang èwu Kumpêni | bêkta mariyêm patbêlas | sinèrèd ing uwong bae | luwês bisa ngambah wana | gunung-gunung lan jurang | rikat tan ewuh ing laku | wau ta dènnya panggihan ||

45. têlas sasukanirèki | manginum ping pat pamitan | sira Mayor Istimolor | sultan anglilani [a...]

--- 27 ---

[...nglilani] sigra | nanging ingkang pitungkas | yèn besuk saundur ingsun | sira ing kene panggiha ||

46. ingsun anèng gunung Gamping | nora luwih têlung dina | ingsun kêkirab têgêse | ngiras amêrnahkên ingwang | rêrepot balaningwang | samangsane sira iku | mayor angajak budhala ||

47. esuk sore wus cumawis | tan ana rêrepot ingwang | sira Mayor Istimolor | kalangkung ing wirangira | nolih mring Pringgalaya | dèn isin-isin sirèku | padha lan Natakusuma ||

48. sarwi pamit mêsat sami | lan Dipati Pringgalaya | wus nitihi dragundêre | budhalan sabalanira | Dipati Pringgalaya | sapraptanira Marêbung | Istimolor karya surat ||

49. mring Uprup Kartasura glis | Yan Hindrik Johan Abraham | kinèn umatur sang katong | yèn sultan Giyantipura | kêkirab mring Mataram | wus rumat siyaganipun | kumpul jagule wus kathah ||

50. miwah wuwuhing prajurit | wus akathah tur samêkta | sakapraboning prang kabèh | jagul tigang èwu pêpak | sèwu jagul andhungan | duk masanggrahan ing Jimbung | Istimolor tinimbalan ||

51. lan Pringgalaya Dipati | sultan akarya warana | ingkang kinèn amiraos | Pangeran Natakusuma | tanya mring Pringgalaya | apa wus pêpak jagulmu | yèn wis pêpak payo mangkat ||

52. Pringgalaya anauri | durung pêpak jagul ingwang | lagi ingsun enggalake | apan lajêng pinoyokan |

--- 28 ---

sira iku giyota | bêlarat êmbuh gawemu | aprang dhewe nora daya ||

53. padu pêparon bakicik | mêpak jagul têka randhat | apa pijêr dhadhu bae | yèn tan nuli linurugan | dadi nglêlêmu mêngsah | repot têmên sira iku | lah iya kacèke apa ||

54. Istimolor langkung isin | nulya sultan angandika | ya bêcike Istimolor | payo nuli linurugan | mungsuh nèng Pranaraga | sêlak angrusak puniku | wong cilik môncanagara ||

55. Mayor Istimolor nênggih | langkung malu saurira | surat dadi lumêpase | sapraptaning Surakarta | katur Johan Abraham | lajêng wus binêkta mangsuk | lan duta ungkur-ungkuran ||

117. Adipati Pringgalaya tampi dêduka saking ingkang Sinuhun Kangjêng Sunan tuwin Kangjêng Sultan

172. Pangkur

1. Yan Hindrik Johan Abraham | sapraptaning pura katur sang aji | Istimolor suratipun | yèn dhapêt malu bêsar | duk pêpanggih lan sultan wontên ing Jimbung | andangu jagul pêpaknya | nuli angajak nglurugi ||

2. Pringgalaya tanpa guna | kumpul sikêp alami datan warni | jagul siji ing Marêbung | samangke durung ana | Istimolor bosên [bo...]

--- 29 ---

[...sên] ngatag cacêlathu | mring Dipati Pringgalaya | dêdukaa sri bupati ||

3. inggih kaote punapa | kangjêng sultan rumat sampun alami | tuwin ing prajuritipun | milanipun angajak | inggih mangkat anuli amukul mungsuh | Pringgalaya durung ana | kumpul ing jagul sawiji ||

4. mayor jêlèh pêparentah | Pringgalaya tanpa wêkasan inggih | andhêngdhêng datanpa jêbul | jagule nora ana | pijêr nganti kang lunga kongkonanipun | mring Pagêlèn Kêdhu samya | milanipun dadi lami ||

5. ngêrig sikêp sarta uwang | yèn wus kêna reyale dèn pundhuti | jagul milanipun dangu | samya mopo wong desa | beda lawan wong Giyanti gêndhingipun | yèn uwang-uwang kewala | sikêp nora dèn pundhuti ||

6. sultan mijèkakên sawah | pan salêksa kalih èwu amiji | amung pinundhutan jagul | sikêp sajung satunggal | mila rikat dadya sikêp tigang èwu | yèn luwiha kang rinêmbat | sikêp andhungan kinardi ||

7. muwuhi prajurit dharat | kinalambèn lawan dèn talakupi | wau sikêp tigang èwu | anyêjampêl binayar | linapurkên lamun tan kêni ginêbug | yèn ginêbug amalêsa | dèn lawan tumêka pati ||

8. pan iku prajurit dharat | saking larang uwong kinèn nambêli | saking trêsna ratunipun | marma datan suwala | lamun sampun nambêli dènnya mêmikul | ngulihkên prajurit dharat | anajung sabinirèki ||

9. ingopyakakên mangkana |

--- 30 ---

mila enggal rumat jagul Giyanti | dupi wau têlasipun | sinuhun maos surat | Mayor Istimolor sapratêlanipun | kang jaja kadya sinêcang | lingsême kapati-pati ||

10. dene sampun dhinawuhan | wus ping tiga gandhèk dènnya dhawuhi | nora nana undhakipun | ature Pringgalaya | sandikane nora nana tabêtipun | jagul siji nora ana | mila mayor anênitik ||

11. pratingkahe Pringgalaya | katur marang ing jêng sri narapati | culikane solahipun | mila langkung bramatya | sri narendra ingkang abdi patang puluh | tinuduh ngêmban dêduka | lawan kinèn amisuhi ||

12. pan sampun nampèni sêrat | kinèndêlkên wau nèng srimanganti | wau ta Kyai Tumênggung | Puspanagara mojar | priye kowe Sasradiningrat budimu | mangkene dukaning raja | sira umbara tan bêcik ||

13. gawanana mantri tuwa | iya mantri kaparak kanan kering | loro lan panèkêtipun | lurah gandhèk milua | wantu patang puluh satimbalanipun | yèn ora kinanthènana | nistha patih dèn pisuhi ||

14. rêmbag sami ngaturêna | Nyai Sanatuwa pan sami mijil | Puspanagara Tumênggung | tuwin Sasradiningrat | pirêmbagan lawan Nyai Sana wau | ingkang abdi kawan dasa | ingkang angêmban rêruntik ||

15. yèn parêng karsa sampeyan | kula nyai bêktani mantri kalih | sakawan panèkêtipun | lurah gandhèk [ga...]

--- 31 ---

[...ndhèk] tumuta | salah siji Nyai Sana langkung rêmbug | lumêbêt matur sang nata | ature wadana kalih ||

16. abdi dalêm kawan dasa | ingkang tuwan tuduh ngêmban rêruntik | inggih dhatêng ing Marêbung | punika binêktanan | mantri kalih sakawan panèkêtipun | lan lurah gandhèk satunggal | ngandika sri narapati ||

17. lah iya ana rumêksa | ing têgêse rumêksa angampingi | nanging aja milu muwus | kang sun kongkon kewala | Nyai Sana mêdal andhawuhkên sampun | kalilan sasat rumêksa | nanging aja milu angling ||

18. Tumênggung Puspanagara | amêmêling thole dèn ngati-ati | dêduka dalêm pêpisuh | sinalinana basa | Adhi Patrayuda aja sira tungkul | lan Ngabèi Nayabôngsa | Kartawadana sirèki ||

19. bêkta kônca kawan wêlas | waos wolu nênêm sanjatanèki | kaparak sakancanipun | kapalan tigang dasa | gangsal wêlas lan prayayi patang puluh | sami turôngga sadaya | sèkêt sasur kang lumaris ||

20. ing marga tan winursita | lajêng lampahira dalu lumaris | enjing praptanirèng Marbung | pukul satêngah sanga | praptanira nênggih barisan Marêbung | pra sami adhehan nyongklang | praptane anjujug loji ||

21. langkung sami gitanira | dudu gandhèk dutane sri bupati | baya dukane kalangkung | katon sêrênging duka | wus tabean lawan mayor langkung gupuh | Istimolor solahira | atambuh tan wruh

--- 32 ---

ing pikir ||

22. tuwan mayor mulat eram | datan purun sami lênggah ing kursi | sêrêng-sêrêng solahipun | sinung sopi nyagêlas | dutèng nata pan asru dènira muwus | hèh mayor panggil tu lêkas | Pringgalaya dhatêng sini ||

23. ngêjèpi ajidanira | sigra mêsat kêras lampahirèki | tan adangu praptanipun | Dipati Pringgalaya | nunggil mayor wau dènira alungguh | sarêng pinatêdhan layang | mayor lan sang adipati ||

24. sawusnya amaos sêrat | sami jêtung mayor lan adipati | caraka sigra amuwus | sêngkrak pamuwusira | Pringgalaya punapi sira puniku | dudu anaking manungsa | têka nora idhêp ngisin ||

25. kari tata pagawean | kacèk paran lan priyayi Giyanti | lawan rumat jagulipun | pakênira tan rumat | punapi ta bisa dêlêng wong sirèku | akarya maluning raja | wus bosên dadi pêpatih ||

26. pakênira datan rumat | ing samadya nênggih wulan puniki | gonira ngrupakkên jagul | sayêkti sira aja | ngarêp-arêp ing cagak kopyah sirèki | wus têlas dhawuhing duka | dharêdhêg Pringgalayèki ||

27. ulate sawang kunarpa | miwah mayor sasab milu prihatin | surat dêduka kang dhawuh | mayor pan milu kampyak | iya dene kurang ing pangatagipun | mayor ngrêpèpèh lingira | marang carakaniraji ||

28. saya mentak ampun jugak | banyak-banyak ing kangjêng sri bupati | ing pakarjaannya itu | bêlum [bêlu...]

--- 33 ---

[...m] mangêrti liyat | Adipati Pringgalaya wuwusipun | hèh tuwan ini suruhan | nira kangjêng sri bupati ||

29. saya bawa krumah saya | mayor angling baik radèn dipati | nulya atabean mundur | anganti anèng jaba | duta tabe mayor kêkêl mèsêmipun | hampir lampus Pringgalaya | takut pèndhèk kapalèki ||

30. wus sami mêdal sadaya | sarêng Adipati Pringgalayèki | lampahe akrincang-krincung | ulate maksih biyas | punang duta mulat wêlas nêdya ngrapu | hèh ki dipati sang nata | andangu punapa ngriki ||

31. wontên sêmôngka kang tuwa | desa-desa mandhêg dènnya nauri | sarwi mandêng dènnya muwus | paran kang pangandika | sri narendra mring anak ingkang puniku | duta nauri takona | ing Paman Pringgalayèki ||

32. si ngabèi iki lara | lara panas sêmôngka dèn karsani | iya mênèk ing Marêbung | ana sêmôngka tuwa | sagunane Si Paman Pringgalayèku | anake ngame sêmôngka | miyarsa sang adipati ||

33. lêjar bingar kadya luwar | saking antarane sangêt prihatin | lumampah sarwi angguguk | anak botên kadosa | inggih lêrês kang sabda pandhita ratu | sabarang kinarsakêna | wingi kula dèn atêri ||

34. têtiyang ing Adipala | kalih rêmbat dèrèng kalong satunggil | praptèng pamondhokan sampun | tata sami alênggah | Mantri Anirbaya Patrayuda matur | radèn pan kula punika | lampah pinôngka [pinông...]

--- 34 ---

[...ka] ngêmbani ||

35. dhatêng pun anak punika | kônca têngên inggih mantri pinilih | Radèn Pringgalaya muwus | bênêr puniku paman | wantu anom bok kirang miwah kalangkung | puniki sampun prayoga | ganggase pantês patitis ||

36. nimbali pêpatihira | Ki Ngabèi Pringgawarsita prapti | nguncalkên sêsupenipun | intên pan sakêmbaran | kinèn ngêdol rinêgenan pitung atus | tuku jagul karyanira | lan undhang kang pra dipati ||

37. angenggalkên jagulira | aja kongsi liwat satêngah sasi | jroning pitung dina iku | iya nuli budhalan | Patih Pringgawarsita sigra amêtu | tan nganti ing praptanira | Ki Wiraguna wus lami ||

38. dinuta tan ana prapta | wus mangkana gandhèk sipêng sawêngi | pasangone winalungsung | prayayi kawan dasa | ingkang untung akathah pitulakipun | Adipati Pringgalaya | kêkêse anrus ing batin ||

39. enjing budhal antukira | duta nata lan sakancane sami | pukul nênêm ing Marêbung | praptaning Surakarta | pukul lima wus panggih lan Tuwan Uprup | Yan Hindrik Johan Abraham | mèsêm atêtanya aris ||

40. anyongklok wus antuk surat | Istimolor tutur pratelanèki | kala dhawuh ing bêbêndu | Pringgalaya wus biyas | kadi kapuk bangêt dêduka kang dhawuh | pra samya nyêkêl ukiran | ampat puluh duk dhawuhi ||

41. wontên sakêdhik [sakê...]

--- 35 ---

[...dhik] gèsèhnya | amung asta kanan ingkang numpangi | ing ukiran cara WanggulWangsul. | amung amrih wiraga | ing tanaga arowa mundhak apatut | ing mayor pandulunira | pasthi nyêkêl ukiran kris ||

42. dadya ingakên kewala | sampun kongsi luput suratirèki | Mayor Istimolor sampun | amanjingkên jro surat | pêndhak dina rupa sikêp pitung atus | uprup gya manjing jro pura | ngirid caraka kang prapti ||

43. lan Istimolor suratnya | praptèng pura katur ing sri bupati | duk winaos suratipun | suka mèsêm sang nata | ingandikan ingkang abdi patang puluh | dinangu sasolahira | rêmbag lan suratirèki ||

44. Mayor Istimolor sira | Pringgalaya maras pucat kapati | amaringi sang aprabu | mring uprup dhêdhêmitan | dèn kirimna Istimolor reyal sèwu | mayor nuli dèn banjurna | mring katiga pra dipati ||

45. Mangkuyuda Wiradigda | Arungbinang siji tan dèn paringi | reyal patukuning jagul | Radèn Pringgadiningrat | wadanane priyayi agêng puniku | ingkang datan pinaringan | uprup sampun anampani ||

46. uprup sigra pamit mêdal | sapraptaning jawi lajêng anuding | marang barisan Marêbung | praptane atur surat | marang Istimolor sarta reyal sèwu | tinampèn linajêng sigra | maring ing punggawa katri ||

47. Ki Tumênggung Mangkuyuda | Arungbinang katri Wiradigdèki | dhêdhêmitan dhawuhipun | mangkya katri punggawa | sami

--- 36 ---

rikat jagulipun matang puluh | wus eca mayor tyasira | dènnya jagul nyarkarani ||

173. Dhandhanggula

1. sawêg kalih èwu jagulnèki | ing Marêbung Istimolor mangkya | wiwit ilang linglingsêmelêlingsême. | gantya wau kawuwus | sultan wontên ing ardi Gamping | pan amung tigang dina | lawan tigang dalu | enjing atêngara budhal | saha bala wangsul marang ing Giyanti | Marêbung wus miyarsa ||

2. mayor mêthuk lan sang Adipati | Pringgalaya ing Jimbung wus prapta | dhingini tata barise | sultan anulya rawuh | barisira mawarni-warni | lajêng atata lênggah | mayor tabe sampun | Adipati Pringgalaya | wus angujung lênggah lan sagung bupati | aglar ing ngarsa nata ||

3. angandika Sultan ing Giyanti | Istimolor bêcik nuli mangkat | yèn durung rumat sikêpe | anglincak bae iku | angantèni sambi lumaris | asal ana kang mangkat | kacèk sêrêngipun | sira kene nadhahana | ingsun iya kang saking êlor anggitik | mêtu Madiun ingwang ||

4. sira aja mring môncanagari | kawruhana Si Mangkunagara | culika cidra gêlare | aja lunga sirèku | saking tanah Pajang jagani | pan ingsun kang angubak | môncanagarèku | iya lamun wus karuwan | nêdya têtêp anèng ing môncanagari | dene sira sun undang ||

5. Pringgalaya rikatên sirèki | sun antèni ing sapuluh dina | kalawasên ingsun kiye | nganggur kongsi sataun | kuwangkungên sawadya [sawa...]

--- 37 ---

[...dya] mami | yèn bangêt repotira | sambata maring sun | sikêp limang atus kêlar | sun nyumbanga nanging saru loking bumi | kawawas sira tiwas ||

6. patih tiwas ukum dèn suduki | sira lakine bok ayuningwang | mèlu ngeman ingsun kiye | aja anggung katutuh | pangucape wong Jawa iki | tan ana ingkang ala | pan amung sirèku | kumpul jagul karepotan | repot pisan wonge cilik dèn galênik | mêtu jagul sarta wang ||

7. iya sapa bisa anglakoni | wau Sang Dipati Pringgalaya | kumêpyur adus waspane | sumungkêm anèng lêbu | ing tyas sampun nyipta amati | tinarka ingkang putra | punika wêwadul | Sang Prabu ing Surakarta | mring kang Paman Kangjêng Sultan ing Giyanti | kang kolon ngukum pêjah ||

8. sultan mayor gya dipun bisiki | yèku kang karya ruwêding jagat | wusana tan enjuh dhewe | karya rusaking ratu | karya susah marang wong cilik | karya ajuring papan | barubuhing gunung | mayor anggoyang kapala | ngandika lon kaya wuwus amartani | Sultan Giyantipura ||

9. Pringgalaya besuk laku iki | kowe aja kongsi mring Kaduwang | sun awèh prayoga bae | iya baris atugur | Kêdhungjambal iku prayogi | anyabêt kering kanan | yèn ing Gunungkidul | yèku karêmêning mêngsah | saking Kêdhungjambal sayêkti kasait | ngalèr ngetan kacahak ||

10. miwah ngulon polatan tinolih | sun pukul têka

--- 38 ---

êlor ing benjang | sayêkti iya ramene | kajaba nêdya tangguh | anangguhi ing yuda mami | rêrêmpon anèng mônca | nagara ing besuk | tatapi Mangkunagara | yèn nêdyaa têtêp nèng môncanagari | tan wurung karepotan ||

11. wonge padha balik milu mami | lawan Anak Prabu Surakarta | kang pasthi duwe bumine | Si Mangkunagarèku | bêbêcike wong Pajang sami | môngsa dadak bêtaha | ginawa anglangut | maring ing môncanagara | ingkang pasthi mati urip dèn anggêpi | ana ing tanah Pajang ||

12. yèn mungsuha liya saking mami | Mangkunagara bisa umpêtan | gubêd tanah Pajang bae | yèn amungsuh lan ingsun | anggubêda katon mandhêlis | wau sadangunira | mayor duk angrungu | sapratikêlirèng sultan | langkung padhang ing galih suka tan sipi | sultan prawirèng gêlar ||

13. mayor matur pan kula sayêkti | amrih juwêd jêng tuwan parentah | ing prang amrêtikêlake | ya sah parentahipun | jendral lawan para radpêni | ing rèh sajroning yuda | pasthi kinèn anut | sakarsa-karsaning sultan | prakara prang nora kêna bilawani | sultan prasasat Amral ||

14. dangu-dangu kapitan nulyaglis | Dongkêl dènnya ngrakit sêsaosan | lajêng adhadharan rame | lajêng sami manginum | sami suka rêmbag wus dadi | dènira sumadosan | angkate anglurug | besuk yèn pasthine mangkat | Si Kapitan Dongkêl sun kongkon mariki | têtêmu [tê...]

--- 39 ---

[...têmu] lawan sira ||

15. sawusira Istimolor pamit | miwah Adipati Pringgalaya | lèngsèr lan saprajurite | sapraptaning Marêbung | mayor lajêng akarya tulis | tur uninga srat dadya | mêsat dutanipun | praptane ing Surakarta | surat katur uprup sampun anampani | Hindrik Johan Abraham ||

16. surat lajêng binêktèng jro puri | katur sang nata wus tinupiksa | yèn nêmu cilaka gêdhe | ngandika sang aprabu | marang uprup tutur pawarti | iku unining layang | Si Pringgalayèku | kapindho dhapêt cilaka | paman sustansultan. sapraptaning gunung Gamping | dukani Pringgalaya ||

17. anèng Jimbung padha anêmoni | lawan mayor paman sultan dènnya | dangu rumate jagule | pan êmèh aturipun | dèrèng rumat sadayanèki | paman banjur dêduka | langkung sangêtipun | anudingi suraweyan | kuciwane nora dadi patih mami | uwong kang kaya sira ||

18. rong jam bae nuli sun suduki | patih tiwas ukum sinudukan | mulane jagad mêngkene | saking ya panggawemu | mêngko nora bisa nguwisi | uripmu apa guna | ngrupakakên jagul | kongsi lawas nora rumat | rumat pane wonge padha abêlindhis | kowe pijêr mèt reyal ||

19. dene nora sêsambat mring mami | aku iki bisa têtulunga | jagul limang atus bae | salinthuta karêpmu | tur sumeje kapati-pati | bêsêmakên nagara | anglingsêmi ratu | yèn kowe

--- 40 ---

aja dadia | iya maring lakine bok ayu mami | umurmu mung têlung jam ||

20. anak prabu mundhuta mring mami | gugating pati ingsun sosokan | salêksa pan ora suwe | asal mati sirèku | anèng donya jêmbêri bumi | Pringgalaya arêbah | nèng siti tumungkul | alah duk ingsun dêduka | bocah patang puluh sun êkon misuhi | bangêt iki marasnya ||

21. uprup langkung sukane miyarsi | mèsêm sarwi anggoyang kapala | kadya mèh praptèng ajale | kunêng malih winuwus | dêlèr sampun amarentahi | mring Pangeran Madura | yèn sultan amundhut | anake Suradiningrat | Pranaraga kamantu Tumênggung Grêsik | Rahadèn Bratawirya ||

22. ingatêrna mring môncanagari | kalih èwu prajurit Madura | rongèwu Surabayane | lan nêtêpakên iku | Wiradirja Surabayèki | putune Citrasoma | nguni wus tinandur | ing nagara Wirasaba | kabur dening Pangeran Bintara prapti | nganciki Wirasaba ||

23. dutanira dêlèr anarêngi | ngiras nandur Petor Briston ika | ing nagri Surabayane | praptaning Surèngkewuh | Panêmbahan ing Madurèki | wus anèng Surabaya | miwah pra tumênggung | Garêsik Sidayu Tuban | Prabalingga Pasuruhan lawan Bangil | Sumênêp Pamêkasan ||

24. sami kumpul anèng Surawèsthi | anêksèni Briston dadinira | ing nagri Surabayanè | lawan agunêm [agunê...]

--- 41 ---

[...m] iku | ing masalah amangun jurit | para pangeran ingkang | bondhan tanpa ratu | Bintara lan Prabu Jaka | nora ngimanakên ing karaton kalih | Giyanti Surakarta ||

25. mila badhe pinukul ing jurit | lawan sultan mundhut Bratawirya | sarta kinèn ngatêrake | prajurit Madurèku | panêmbahan wus marentahi | prajurit kalih nambang | têtindhihing laku | Ki Mas Dêmang Brajayuda | kanthi lawan Ki Ngabèi Brajapati | wolu pra mantrinira ||

26. Surabaya rongèwu prajurit | wolu nênggih para mantrinira | pan kêkalih pangiride | dadya jangkêp sapuluh | Kandhuruwan ing Kabolêngkir | lan Ngabèi Sapanjang | sarêng budhalipun | saking nagri Surabaya | Petor Briston nênggih bêktani sêsilih | alpèrès mung satunggal ||

27. Pangran Singasari nèng Kêdhiri | Pangran Bintara nèng Wirasaba | nanging tan rêmbug pikire | tan pangguh-apinangguh | têtêp siyal sami miyarsi | lamun prajurit Sampang | lan Surabayèku | wus budhal saking nagara | pangran kalih rêbut paran dènnya ngili | Singasari angetan ||

28. ngidul dhatêng Malang kang dèn ungsi | Pangran Bintara ngidul mring Rawa | masisir kidul sêdyane | dêdamêl kang lumaku | ing sadalu marga wus prapti | wontên nagari Japan | Wirasaba suwung | lajêng prajurit sadaya | Wirasaba Kadhiri wus dèn anciki | prajurit ing Madura ||

29. miwah Radèn Bratawirya nênggih | kang dèn êmban prajurit Madura | prajurit [pra...]

--- 42 ---

[...jurit] Surabayane | Wiradirja pan sampun | tinêtêpkên Wirasabèki | wau bala Madura | dèrèng purun laju | angantosi kang ubaya | dêdamêle Kangjêng Sultan ing Giyanti | lamun sampun budhalan ||

30. sabêdhuga saking ing Giyanti | wong Madura pasthi nuli budhal | malah ta sami pikire | kalamun sampun tamtu | badhe mangkat Natèng Giyanti | nêdya andhinginana | wadya Madurèku | wau sultan praptanira | saking Jimbung sadalu lajêng miyarsi | saking môncanagara ||

31. undhaking warti môncanagari | wong Madura warti sampun nabrang | badhe anggêcak barise | ing Pamênang ginêmpur | sampun nabrang kali Kadhiri | prajurit ing Madura | langkung kalih èwu | ing lok akanthi kalawan | kalih èwu prajurit ing Surawèsthi | dadya purun gêcaka ||

32. dhatêng mungsuh Mangkunagarèki | kangjêng sultan wau duk miyarsa | nimbali pra dipatine | Kapitan Dongkêl sampun | ingandikan wus praptèng ngarsi | jêng sultan angandika | Dongkêl sira ngrungu | gêgaman Madura prapta | malah uwis nabrang ing kali Kadhiri | nêdya banjur anggêcak ||

33. iya marang Si Mangkunagari | Dongkêl ya lamun kadhinginana | mring wong Madura yudane | iba ta lingsêm ingsun | sawab dudu wong Madurèki | ingkang aduwe mêngsah | iku mungsuh ingsun | Kapitan Dongkêl turira | kadi botên ki lurah Nikolas Harting | sampun akintun sêrat ||

34. dhatêngipun surat kala wingi | kula dèrèng umatur [uma...]

--- 43 ---

[...tur] ing tuwan | tuwan dêlèr wêwêlinge | bilih paduka dangu | inggih dêlèr wus marentahi | sapamundhut paduka | pun Bratawiryèku | ingatêra wong Madura | nênggih badhe tinandur mring Pranaragi | Maduntên sampun mangkat ||

35. inggih môngsa puruna dhingini | ingkang dhawah dêlèr parentahnya | anuta ing parentahe | tuwan sultan puniku | ratu senapati ngajurit | ingkang minôngka amral | wus sah lan gurnadur | pêpêrang ing tanah Jawa | nênggih amung Kangjêng Sultan ing Giyanti | mratikêl ing kuwasa ||

36. pun Maduntên punika pan ajrih | nglangkungana ing karsa paduka | sultan alon andikane | lah iya warta iku | dadi nyata wong Sampang uwis | mangkat saking nagara | sagêgamanipun | mêrangi môncanagara | Dongkêl matur pan inggih sampun sayêkti | bala Madura brôngta ||

174. Asmaradana

1. kèndêl nagari Kadhiri | wadya Sampang Surabaya | kawan èwu dêdamêle | ngantos timbalan paduka | milane dèrèng nabrang | nanging paduka pukulun | dipun arèrèh kewala ||

2. putra dalêm sri bipati | jagulipun dèrèng rumat | katingal angolok-olok | yèn paduka angarsakna | tumuntên abudhalan | kula dhatêng ing Marêbung | têtanya sarèh kewala ||

3. botên amastani sasi | lan botên mêsthi ing dina | budhalan paduka katong | kula wêwarti kewala | yèn sarèh karsa tuwan | dene yèn marêngi sampun |

--- 44 ---

jagulipun Pringgalaya ||

4. kula sakajêng pan inggih | pun Dipati Pringgalaya | lan pun Mayor Istimolor | sultan alon gujêngira | iya sakarsanira | yèn ingsun kene agugup | anak prabu pasthi duka ||

5. Pringgalaya dèn takoni | kabangêtên liwat ala | kapitan umatur malèh | ping kalih sudara tuwan | inggih atur uninga | ing mangke pun Mayor Ubrus | inginggahkên sampun kesah ||

6. wontên nagri Pakungwati | dados kumêndur punika | angkate sarêng pun Briston | dadya Petor Surabaya | sultan suka ngandika | iya sukur padha wuwuh | lungguhe sudaraningwang ||

7. padha milu bêbakali | marang ing karaton ingwang | wus padha munggah lungguhe | ujar wong milu kangèlan | mênangi mungsuh yuda | sira banjura mring Marbung | tambuhên asêsêmbena ||asêsambèna.

8. Kapitan Dongkêl lumaris | bêkta dragundêr sadasa | lan dêmang kênthi-kênthine | ing marga tan kawursita | Dongkêl sapraptanira | nênggih barisan ing Mêrbung | lan Istimolor wus panggya ||

9. ngrantêg dènnya mangun pikir | nanging wus duwe pangrasa | sira Mayor Istimolor | lamun jagule mèh rumat | nanging abêre myarsa | gêgaman Madura rawuh | wus praptèng môncanagara ||

10. sukur apranga kariyin | mayor ciptanira ingan | kariya bêbocokane | nanging Dongkêl tan mangkana | dènnya wruh purwanira | wong Madura praptanipun |

--- 45 ---

pamundhute kangjêng sultan ||

11. sadalu sipêngirèki | dalu wontên surat prapta | saking Samarang sung wêroh | yèn dêlèr budhale ngetan | dhatêng Surabaya gya | mangkat Rêjêp ping sapuluh | sarêng byar sanès pikirnya ||

12. wontên marase kang galih | lamun tan nuntên budhala | sira Mayor Istimolor | siniku ing lurahira | winastan eca-eca | Istimolor wuwusipun | Dongkêl matura jêng sultan ||

13. katur saaturirèki | Mayor Marêbung punika | pinanggih pun Istimolor | ngaturi sumanggèng ngarsa | nadyan inggih derenga | pêpak sadaya kang jagul | binêkta kuda sadaya ||

14. tuwan sampun marentahi | anglincak ing Kêdhungjambal | milanipun Istimolor | botên inggih kasusahan | mênggah jagul punika | barange Kumpêni dipun | uwot ing kuda kewala ||

118. Kangjêng Sultan matêdhani priksa dhatêng ingkang putra sang nata, yèn badhe bidhal nglurug

15. Kangjêng Sultan ing Giyanti | utusan marang kang putra | Sang Prabu Surakartane | duta pun Ranadilaga | miwah Ranadigdaya | katri kang môngka pangayun | Ranadimurti kang nama ||

16. praptane Surakartèki | surate katur kang putra | binuka

--- 46 ---

tinupiksa ge | mungêl anêdhani priksa | mring kang putra sang nata | yèn badhe budhal anglurug | Rêjêp kaping salawe prah ||

17. kang putra nulya ngaturi | angsul-angsul mring kang paman | raharjaa ing lampahe | lan Kangjêng Ratu Kêncana | ngaturi mring kang paman | sêsagon manisan agung | inggih dados kawan rêmbat ||

18. ênggène ngolah pribadi | nênggih Jêng Ratu Kêncana | sagung kang dèn aturake | sangu mring kang paman sultan | caraka kaping tiga | ingandikan sang aprabu | anèng nagri gangsal dina ||

19. wus pamit Ranadimurti | kalawan Ranadilaga | ambêkta angsul-angsule | Sang Aprabu Surakarta | ing wau lampahira | kalih onjotan satuhu | Giyanti lan Surakarta ||

20. baris Marêbung tinuding | mring sultan andhinginana | saking Marêbung budhale | ancikana Kêdhungjambal | pacak baris santosa | anyabêta ngalor ngidul | miwah ngetan angulona ||

21. anarubêna wong cilik | mangkana wau têngara | sira Mayor Istimolor | lan Dipati Pringgalaya | miwah kang pra dipatya | ingkang minôngka panganjur | dragundêr Kapitan Sungrat ||

22. sawidak dragundêrnèki | Kapitan Kulman sawidak | tigang widak dragundêre | kang têlung puluh nêm ika | kang nyêpêng Litnan Pitlar | salawene kang amêngku | dragundêre Litnan Beman ||

23. kapat pramukaning jurit | jalan kaki pangiridnya | anênggih pun Kapitan Bèl | ingkang satus kalih

--- 47 ---

dasa | dene kang kawan dasa | Litnan Mantis kang amêngku | malih ingkang kawan dasa ||

24. Litnan Jasmit kang nindhihi | dene ta Kumpêni Islam | sapunika sami parlos | duk Pagiyanti panggihan | awit parentah dhawah | kinantunkên kawan atus | nênggih kalih atus sewang ||

25. tumut sultan kang sapalih | sapalih ing Surakarta | mung ngêngalih kapitane | kapitan tolong punika | kang tumut kangjêng sultan | lawan Duljalil puniku | kang tumut ing Surakarta ||

26. Kapitan Barak lan malih | Kapitan Salamêt têka | dene kang dadi lintune | abdine ratu kalihnya | jêng sultan jêng susunan | amaringi kalih atus | ingkang abdi kawan dasa ||

27. kawan lurah kang lumaris | agiliran ngalih wulan | mung kalih atus jangkêpe | ingkang miwiti lêlurah | sragêni wolung dasa | Mesajaladri kang mangku | kalawan Maesasura ||

28. panumbak namèngyudèki | lêlurah Rônggawarsita | lan Dêmang Wêngkêr sisihe | samakta sagung gêgaman | prajurit sabrang Jawa | wus budhal saking Marêbung | gumuruh kang balakuswa ||

29. kadya rêg kang parwatagni | prajurit sabrang lan Jawa | mawarna sri busanane | ing marga tan winursita | baris agung wus prapta | ing Kêdhungjambal panganjur | Ki Tumênggung Arungbinang ||

30. lawan Kapitan Sungrati | akanthi lan Arungbinang | sami sura prawirane | Ki Tumêngung Wiradigda | lawan Kapitan Kulman | Tumênggung Mangkuyudèku | Kapitan Bèl kanthinira ||

31. wus sami amrênah rakit |

--- 48 ---

kang pacak baris santosa | wus tarub kanan keringe | bôngga ingkang maksih têbah | Sêmbuyan lan Pringômba | wontên pinacak tumênggung | ing Pangran Mangkunagara ||

32. wong desa bêcik karyèki | Ki Tumênggung Kartisura | mogok dadi panutane | urut Sêmbuyan Kêduwang | wani nadhahi ing prang | pacalang patroling mungsuh | ingkang baris Kêdhungjambal ||

33. kunêng malih kang winarni | Sultan ing Giyantirêja | wus samakta busanane | sagung kapraboning aprang | sampun têngara budhal | saking Giyanti kadya lun | anglut trunaning udaya ||

175. Sinom

1. lir padma saparwatendra | srining busananing jurit | mawarna pangkating yuda | miwah kang bala Kumpêni | kadyangga manawêngi | ing ima nawung tumiyung | sajêmbaring bêbulak | kèbêkan bala lumaris | ing Rêspati Manis Rêjêp budhalira ||

2. papar pringganing supana | rêngkêdipèng kali-kali | kalud ing wadya turôngga | pangrênggèng sungil agampil | sadintên gèn lumaris | praptèng Sukawati Mungkung | masanggrahan Padonan | enggar sagunging prajurit | tigang siyang dènnya kèndêl ing Padonan ||

3. lêpas pêsating pawarta | kapyarsèng môncanagari | yèn Sultan Giyantirêja | sampun ngêrabakên baris | gugup sagung prajurit | Madura Surabayèku | saking Kadhiri budhal | gumrêgut sagung prajurit | gurawalan wong Madura Surabaya ||

4. saramuk ing lampahira | singanagri bêkêlahi | cingcing [cing...]

--- 49 ---

[...cing] têlês mêthuk ing prang | ing Pace Kartasanèki | ingurugan pêpati | tumpêsan singa katêmu | lanange tinumpêsan | wadone binoyong sami | nadyan rare lamun lanang pinêjahan ||

5. horêg wong môncanagara | kang kambah baris angisis | wong Madura solahira | nênumpêsi bêboyongi | praptèng Caruban nênggih | amuk lêbon ing Madiun | Pangran Mangkudipura | nadhahi prang tan kuwawi | palayune ngungsi baris ing Mamênang ||

6. ing Madiun wus kancikan | Kalangbrèt ingkang winarni | Tumênggung Trunawijaya | mogok anggêpuk ing wuri | Pangran Mangkunagari | ingkang amacak tumênggung | anulya binalênan | prajurit Surabayèki | karusakan dènnya nadhahi ngayuda ||

7. jujur gunung palayunya | angungsi mring Pranaragi | Pangeran Mangkunagara | langkung susahe kang galih | kinêpung marêpêki | mungsuh praptane angikut | wadya môncanagara | kinèn baris Kaliasin | têtindhihe Madiun Mangkudipura ||

8. nanging tyase sami gêmpal | wadya ing môncanagari | angrasa yèn kaluputan | pangeran kang dèn tut wuri | kang baris Kaliasin | samya sêdhih manahipun | Ngabèi Surèngrana | ing Trênggalèk minggat balik | mring Madiun nusul Radèn Bratawirya ||

9. nging Pangran Mangkunagara | maksih èwêd tyasirèki | mêngsah ngingkut pratingkahnya | pan ora lajêng anggitik | durung karuwan ugi | mungsuh kandêl tipisipun |

--- 50 ---

ingkang badhe tinêrak | kêkês awor muring-muring | mulat ingkang rayi lawan ingkang paman ||

10. sami ngênthêl manahira | Pangeran Purubayèki | bature wus sami minggat | Cakrajaya wus dhingini | balik maring Giyanti | wong Pagêlèn kabèh tumut | Pangeran Purubaya | amung sapuluh galintir | ingkang rayi pan amung abdine lama ||

11. wau Pangeran Bintara | ing Ngrawa sabêdhahnèki | Kalangbrèt pan sampun bêdhah | dene wong Surabayèki | Pangran Bintara ngili | anèng ing pasisir kidul | bature mung lêlima | kang satunggil wus tinuding | arsa tundhuk mring gêgaman Surabaya ||

12. kang abaris Kartasana | Kandhuruhan Kabuhlêngki | lawan Ngabèi Sapanjang | kadhatêngan suratnèki | Pangeran Bintarèki | wus tinampan suratipun | mring Walandi wakilnya | Petor Brikton kang sêsilih | linajêngkên surat dhatêng Surapringga ||

13. kunêng malih winursita | Kangjêng Sultan ing Giyanti | saking Sukawati budhal | ing Padonan gone baris | budhal sawadyanèki | gunging kang wadya kadya lun | gumulung ombak bakat | ingkang supana wanadri | kêbêk dening kambah wadya kang lumampah ||

14. sadalu margi anêba | ing wanane Saosragi | benjing budhal saha wadya | gumuruh swaraning dasih | satêngah dina prapti | ngancik bumi ing Madiun | Bayêm sakilèn kitha | kèndêl sultan pacak baris | ingkang baris Madiun Sampang

--- 51 ---

miyarsa ||

15. pan Mas Dêmang Brajayuda | lan Ngabèi Brajapati | duk miyarsa praptanira | Kangjêng Sultan ing Giyanti | angrayah dèn bangêti | angêsuk marang gêgunung | wong ngili jurang wana | ingungkih kathah kang kêni | kathah risak tanah Madiun kang kêna ||

16. sultan animbali sigra | marang sagung pra dipati | Adipati Danurêja | Rôngga Prawiradirjèki | radèn tumênggung nênggih | ing Gêrobogan puniku | Radèn Yudanagara | Tumênggung Martalayèki | Natayuda Tumênggung Jayasudirja ||

17. Tumênggung Mangunnagara | myang Tumênggung Surantani | Ki Tumênggung Baurêksa | Pangran Natakusumèki | pangirid pra dipati | Pangran Pakuningratipun | Tumênggung Sindusastra | Singaranu Kartanadi | prapta aglar ing ngarsane kangjêng sultan ||

18. Kapitan Dongkêl ngandikan | pan dêr Pol Baiman prapti | jêng sultan alon ngandika | ya Dongkêl paranirèki | laku ingkang prayogi | kang cêpak wêkasanipun | kang nora andêdawa | karusakane wong cilik | sun gitika yèku Si Mangkunagara ||

19. lah iya môngsa tanggona | sayêktine angoncati | lunga maring tanah Pajang | sun ungsira bali maning | maring môncanagari | mêngkono dadine besuk | ujar môncanagara | miwah Pajang kowar-kawir | pun Kapitan Dongkêl sigra amalembat ||

20. mring Dipati Danurêja | Pangran Natakusumèki | tuwan sagung pra dipatya | timbalan dalêm puniki | sami andika

--- 52 ---

pikir | ingkang prayogi puniku | Dipati Danurêja | Pangran Natakusumèki | nuhun karsa kang abdi darma lumampah ||

21. Kapitan Dongkêl sumôngga | ngaturakên aturnèki | sagung abdining punggawa | makatên ature sami | mèsêm sri narapati | iki Dongkêl karsaningsun | ing kene lamun ana | papan kang luwih prayogi | sun karyaa lêloji ingkang santosa ||

22. tinunggua sakapitan | dragundêr kawan dasèki | jalan kakine sawidak | dene kang padha nunggoni | iya môncanagari | pra dipati kang wus nungkul | lamun pinaranana | ing mungsuh kêlar nadhahi | dadi ingsun nora karon manah ingwang ||

23. Kapitan Dongkêl lingira | ing karsa tuwan puniki | kalangkung saking prayoga | botên wontên kang nglangkungi | nanging tuwan timbali | pun Istimolor pukulun | lan tuwan pundhutana | upêsir ingkang prayogi | ingkang pantês inggih tuwan katanggênah ||

24. têngga ing môncanagara | sultan amundhut Kumpêni | dragundêre kawan wêlas | lawan lopèrès satunggil | lan kaliwon kêkalih | miwah mantrine sapuluh | kalih atus turôngga | tuwin limalas Kumpêni | kang tinuduh nimbali mring Kêdhungjambal ||

25. ing marga datan kawarna | ing Kêdhungjambal wus prapti | lawan mayor wus apanggya | Istimolor dèn timbali | sultan amundhut siji | upêsir ingkang apatut | anuli dèn gawaa | lakune ingsun timbali | mayor

--- 53 ---

sigra manggil Radèn Pringgalaya ||

26. sapraptane mayor bilang | kula anêdha bupati | satunggil kula ngandikan | dhatêng Sultan Senapati | Pringgalaya nyaosi | Tumênggung Wiradigdèku | budhal saking barisan | Kêdhungjambal mayor aglis | pan ambêkta dragundêre tigang dasa ||

27. kalawan Kapitan Pitlar | sinaosakên sang aji | pamundhute kangjêng sultan | datan kawarna ing margi | prapta barisanèki | ing Bayêm sampun apangguh | kalawan kangjêng sultan | mayor nurut barang pikir | sakarsane sultan kang minôngka amral ||

28. kawusa rèh ing ayuda | raja ngiras ambawani | senapati ing paprangan | ing rêmbug sampun agilig | badhe adamêl loji | ing Tapêlan prênahipun | sawetaning Magêtan | lèr kilèning Pranaragi | kidul kilèn saking Madiun nagara ||

29. kantun pakaryan satunggal | Istimolor kang tinuding | amanggihi wong Madura | kang anèng Madiun baris | jro kutha ambajagi | wong cilik puyêngan gêmpur | mayor sigra lumampah | lawan pan dêr Pol umiring | wus apanggih lawan Dêmang Brajayuda ||

30. Istimolor têmbungira | sapa kang kongkon sirèki | hèh Mas Dêmang Brajayuda | lan Ngabèi Brajapati | wong Madura nauri | inggih dêlèr kang angutus | ngantukkên Bratawirya | ing nagari Pranaragi | lawan kinèn andhèrèk karsane sultan ||

31. pan inggih dipun abêna | lan satru ing nusa [nu...]

--- 54 ---

[...sa] Jawi | mayor sugal wuwusira | dene tan sêba sirèki | mring Sultan ing Giyanti | pijêr rusuh pratingkahmu | Madura saurira | yèn dèrèng ngandikan ajrih | mayor angling lah payo sira ngandikan ||

32. wong Madura saurira | inggih tuwan benjing enjing | kula sowan kangjêng sultan | andika kondur rumiyin | mayor sarwi nudingi | aja sêmbrana sirèku | yèn sira ora prapta | iya ing sadina benjing | sultan duka sayêkti sira ginêcak ||

33. aja sira takon dosa | aja sambat mring Kumpêni | sapa wani ngalangana | ingsun tan karsanirèki | Madura inggih-inggih | Istimolor nulya kondur | praptèng Bayêm barisan | lawan sultan wus pêpanggih | ngaturakên saha ture wong Madura ||

34. inggih benjing enjing sowan | Madura ing padukaji | gih pun Dêmang Brajayuda | pun Ngabèi Brajapati | ya ta wuwusên enjing | wong Madura praptanipun | pinêthuk baris kurmat | sêsiyung angapit margi | duk tumingal gêgununganing ayuda ||

35. ing prajurite jêng sultan | akathah abêcik-bêcik | eram abyoring busana | tyasira sami umiris | sapraptanirèng jawi | ngregol pasanggrahanipun | jêng sultan wus pinarak | munggèng ing amparan rukmi | Mayor Istimolor kang munggèng ing kanan ||

36. Dongkêl Kapitan kalawan | pan dêr Pol ingkang nêpungi | nulya wau tinimbalan | Mantri Madura kêkalih | katri Bratawiryèki | arapèk katiganipun |

--- 55 ---

sami rangrangan êmas | sapraptanira ing ngarsi | langkung ajrih muka konjêm ing pratala ||

37. sultan alon angandika | namane sawiji-wiji | Brajapati Brajayuda | katiga Bratawiryèki | kagyat sri narapati | mulat ing Bratawiryèku | ngluwihi wong Madura | rowane lan dhapurnèki | kapaido yèn wêwêton Pranaraga ||

38. pasthi kusuma Madura | solah sapratingkahnèki | wus pantês lamun wong Sampang | bêbrêngos rambute buntit | Sampang bêbrêngosnèki | amucicil netranipun | dhêdhampak asêmbada | sultan angandika aris | hèh Madura kaya paran lakunira ||

39. umatur saha wotsêkar | Mas Dêmang Brajayudèki | punika lampah kawula | rayi dalêm kang anuding | rayi dalêm atampi | parentah saking gupêrnur | kinèn angaturêna | inggih pun Bratawiryèki | inggih dhatêng ing jêng paduka sang nata ||

40. jêng paduka pêpanggihan | wontên ing môncanagari | jêng sultan mèsêm ngandika | wus turut lakunirèki | maria ngêrusuhi | sira wus têmu lan ingsun | Mas Dêmang Brajayuda | umatur saha wotsari | kula rayah kang tumut Mangkunagara ||

41. inggih sadhatêng kawula | kathah ingkang bêngkêlahi | pun Kartasana Caruban | pun Kalangbrèt lan ing Rawi | wong Surabaya gitik | pun Kalangbrèt risakipun | mangkya nèng Kartasana | dêdamêl ing Surawèsthi | ingkang sampun têluk botên kula rayah ||

42. sultan gumujêng

--- 56 ---

ngandika | lah mêngko paran sirèki | nêmbah Dêmang Brajayuda | sumanggèng karsa sang aji | kula anuhun kardi | kaabêna lawan mungsuh | inggih Mangkunagara | wontêna ngarsaning gusti | kula purun dhatêng pun Mangkunagara ||

43. rêmuk tuwan gutuk kêna | botên ngoncati sanyari | abdi paduka Madura | sultan mèsêm ngandikaris | iya tarima mami | Brajayuda prasêtyamu | iku Si Bratawirya | anak prabu kang duwèni | jumênênga Si Tumênggung Bratawirya ||

44. sira nuli lumakua | iya saking ing nêgari | Madiune aywa têbah | saonjotan sun wangêni | payo budhala nuli | sigra têngara sang prabu | gumuruh balakuswa | wong Madura wus dhingini | eram mulat untabe balane sultan ||

45. Madura praptèng jro kitha | lajêng ngirabakên baris | ngidul saking ing jro kitha | saonjotan kèndêlnèki | lampahe sri bupati | anèng wana kèndêlipun | sakilèning Tapêlan | parentah sri narapati | pan akarya lêloji nèng Patapêlan ||

46. wuwusên cucuking lampah | kang abaris Kaliasin | Pangeran Mangkudipura | langkung susah sangu mimis | dene mungsuhirèki | Sultan Giyanti puniku | wong agung langkung sura | kanthi Madura Kumpêni | sapa kêlar nadhahi nèng tanah Jawa ||

47. sèdhèng tyas Mangkudipura | lumêpas dutanirèki | layang prapta ipenira | Tumênggung Bratawiryèki | wong Madura naguhi | warase panungkulipun | dadya ing dalu minggat |

--- 57 ---

Pangran Mangkudipurèki | lan ambêkta nungkule Mangkudipura ||

48. sigra wau ingandikan | katiga Bratawiryèki | sakawan Mangkudipura | tinarima nungkulnèki | tinokidakên nênggih | Pangran Mangkudipurèku | têtêp pangeranira | kasêpuhan dènnya linggih | ing kanoman Rahadèn Sêcakusuma ||

49. pitung èwu kasêpuhan | dene kanomanirèki | limang èwu cacahira | rolas èwu cacahnèki | loji Tapêlan dadi | puniku kinèn angumpul | baris anèng Tapêlan | Kumpêni ingkang nindhihi | kang kinarya nindhihi Kapitan Pitlar ||

50. Islame Kapitan Barak | sagunge môncanagari | kumpul baris ing Tapêlan | mangkana ingkang winarni | Pangran Mangkunagari | Kudanawarsa umatur | yèn pangajêng sadaya | kang baris ing Lèpènasin | sampun gusis ambalik balang kaluwak ||

119. Pangeran Mangkunagara sawadyabalanipun oncat saking dhusun Mamênang badhe anggêpuk tanah pasisir. Wontên ing tanah Pajang pêrang riwuk kalihan prajurit Surakarta

176. PocungTeks asli: Pucung.

1. punggawagung pun Mangkudipura sampun | nungkul ngrama tuwan | Kangjêng Sultan ing Giyanti | panêkare pra dipati dipun bêkta ||

2. mangke sampun pinacak abaris tugur | wontên [wo...]

--- 58 ---

[...ntên] ing Tapêlan | kanthi Madura Kumpêni | Madurane benjing kang kinèn anggêcak ||

3. inggih dhatêng ing ngriki Maduranipun | wau duk miyarsa | Pangran Mangkunagarèki | langkung gugup tyase akuwur kewala ||

4. bingang-bingung dene barise kinêpung | dadya samya nêmah | nêdya gubêd angoncati | sampun budhal saking dhusun ing Mamênang ||

5. sêdyanipun pasisir ingkang ginêpuk | mêdal tanah Pajang | Dêmak ingkang dèn wiwiti | lampahira sampun prapta ing Kaduwang ||

6. baris laju ngalèr ngilèn lampahipun | dados kalih lampah | Kudanawarsa tinuding | mêdal kidul mangilèn jog Paserenan ||

7. Pangran Mangkunagara jog desa Gêmblung | malipir ing Sala | ing Gawok salèring kêdhik | kang dèn ajab patêmon ing Wanakarta ||

8. ya ta wau dutane Pringgalayèku | Kyai Wiraguna | kang dipun utus angêrig | parentahe Adipati Pringgalaya ||

9. sarta ngêrig jagul kinèn kêkêlumpuk | uwang sarta reyal | milane lampahe lami | mêdal êlèr prapta Bayalali pirsa ||

10. lamun sampun budhalan baris Marêbung | anèng Kêdhungjambal | dadya Ki Wiragunèki | panusule mêdal Dêlanggu mangetan ||

11. angsalipun inggih reyal tigang èwu | dadya tigang rêmbat | ginotong nanging awarni | tigang èwu awarni uwang sadaya ||

12. lampahipun nèng wetan Dêlanggu surup | kèndêl dhusun Gêtas |

--- 59 ---

Gêtas Tundhungan Juwiring | lampahipun wontên tiyang kapat bêlah ||

13. kathah pikul akêdhik prajuritipun | sami pakumpulan | wong Kêdhu Pagêlèn sami | kang angirim lêlurahe sowang-sowang ||

14. sarêng dalu wong bumi siji lumayu | wonge Danawarsa | Kudanawarsa duk prapti | Paserenan wonge prapta antuk warta ||

15. kilèn niku wong mondhok kang sami ngintun | dhatêng Kêdhungjambal | dutane Pringgalayèki | kula mirsa bêkta tigang èwu yatra ||

16. duk angrungu yèn Ki Wiraguna iku | anèng dhusun Gêtas | Kudanawarsa ngundhangi | budhal sawus tambur saking Paserenan ||

17. praptanipun dèn rêrindhik lampahipun | nèng Gêtas sarêng byar | lajêng angêpung bathithit | sarta surak ambêdhili saking wuntat ||

18. sami kagum rinampog ingkang lumayu | dadya lêng-ulêngan | ngumpul jro jaro angungsi | kathah pêjah Ki Wiraguna wus pêjah ||

19. dunya bêskup wutah yatra tigang èwu | kang awarni kuda | miwah waos sanjatèki | kabèh lap gang alatah Kudanawarsa ||

20. lajêng mundur mring gène bêndaranipun | wontên Samêdhangan | Pangran Mangkunagarèki | Danawarsa prapta ngaturkên sal-angsal ||

21. benjingipun ngilèn nunggil lampahipun | malipir ing Sala | anjog ing Wanakartèki | kèndêl Ngasêm balane pangran nèng Bangak ||

22. barisipun ing Surakarta wus mêtu | kang kilèn ing Pajang | ingkang kidul [kidu...]

--- 60 ---

[...l] anèng Baki | lan utusan sang nata dhatêng kang paman ||

23. ngaturi wruh yèn mêngsah galibêdipun | gandhèk lampahira | prapta ing Wagal pan enjing | barisane ingkang rama kangjêng sultan ||

24. apan jujug Kapitan Dongkêl wus pangguh | anuju Pangeran | Madiun atur udani | mring Kapitan Dongkêl yèn mêngsah wus budhal ||

25. barisipun ing Mamênang sampun kêbut | dhatêng tanah Pajang | badhe lajêng amasisir | ya ta dhawuh gandhèk saking Surakarta ||

26. Dongkêl laju marak kangjêng sultan gupuh | dhatêng pasanggrahan | surat katur ing sang aji | ingkang saking Sang Aprabu Surakarta ||

27. sampunipun tinupiksa langkung ngungun | ngaturi wuninga | yèn mungsuh mangke mrêpêki | anggalibêd kiwa têngên Surakarta ||

28. sultan gupuh manggil Istimolor rawuh | asru angandika | hèh Molor dandana aglis | iya mungsuh galibêd ing Surakarta ||

29. mayor iku mendah susahe nak prabu | sigra pêparentah | mring sagung para dipati | inggih môncanagara lan wong Madura ||

30. kinèn kantun pacak baris dèn akukuh | iya aja tinggal | têka ing Tapêlan iki | yèn kabotan dèn enggal nuli tutura ||

31. iya ingsun kang aprapta atêtulung | sigra atêngara | kumêrab sagung prajurit | wanci lingsir kulon budhalipun sultan ||

32. kunêng wau gantia ingkang winuwus | Prabu Surakarta | miyarsa ingkang pawarti | lamun Kyai Wiraguna mati

--- 61 ---

Gêtas ||

33. pêjahipun kapapag kacandhak mungsuh | puniku dutanya | Dipati Pringgalayèki | ngêrig jagul lawase kinèn mèt uwang ||

34. laminipun antuk yatra tigang èwu | linap gang ing mêngsah | têkan dutane ngêmasi | Wiraguna dutanira Pringgalaya ||

35. sang aprabu nimbali Kyai Tumênggung | Puspanagara lan | Sasradiningrat wus prapti | ngabyantara narendra asru ngandika ||

36. hèh sira wus kaya pa ing patinipun | ya Si Wiraguna | Puspanagara wotsari | kang dinuta mring Pringgalaya punika ||

37. ngêrig jagul antuk yatra tigang èwu | antuke kapapag | mêngsah Kudanawarsèki | mila reyal katur ing Kudanawarsa ||

38. sang aprabu miyarsa langkung angguguk | mara titènana | wong ala pratingkahnèki | dumadakan picise katur ing mêngsah ||

39. hèh Tumênggung Sasradiningrat puniku | lan sakancanira | sapanèkêt para mantri | tindhihana kang patrol jaban nagara ||

40. iya iku bocah ingsun patang puluh | dêlèr kang parentah | alanglang jaban nagari | sabêcike patang puluh tuwanana ||

41. angrong atus gilir patang lurahipun | lêt sapuluh dina | parlokna sakidul Baki | padhangêna dèn prapta ing Kêdhungjambal ||

42. Walandèku wira-wiri kang angintun | marang Kêdhungjambal | obat mimising Kumpêni | mêngko ana ngêndi wartane kang mêngsah ||

43. nêmbah matur Sasradiningrat Tumênggung | sakiduling Tambak | Sêgaran gènipun [gèni...]

--- 62 ---

[...pun] baris | inggih mangke Pangeran Mangkunagara ||

44. barisipun nèng Ngasêm pamungkuripun | dene pun kakang mas | lèr kilèn ing Ngasêm kêdhik | dhusun Bangak Pangeran Mangkunagara ||

45. inggih sampun jêng rama tuwan mèh rawuh | inggih kangjêng sultan | ginêlak lampahing baris | abdi dalêm pisah Gandhèk nèng Sumêngka ||

46. yèn mangkono Sasra lêrêna patrolmu | mênèk sarawungan | lan balane paman aji | nêmbah matur Tumênggung Sasradiningrat ||

47. pênêd banjur pan inggih wartining mungsuh | gêlaripun Sêmang | tilar tumênggung satunggil | kinanthênan para mantrine sadasa ||

48. damêlipun namung ngrêridhu margagung | kang dhatêng barisan | ambegali wong ngêngirim | ingkang dhatêng pabarisan Kêdhungjambal ||

49. lamun rawuh rama paduka pukulun | upami ngarsakna | masanggrahan cêlak ngriki | kula matur riwuk dipun sirnakêna ||

50. sang aprabu ngandika ya bênêr iku | Sêmang dèn sirnakna | marang kangjêng paman aji | Sêmang iku anggung agawe asmara ||

177. Asmaradana

1. mangkana punggawa malih | wus umijil saking pura | ing srimanganti praptane | Tumênggung Sasradiningrat | ngundhangi kancanira | budhal ngirid patang puluh | kawan lurah kang lumampah ||

2. sanjata ingkang sapalih | sapalihe waos benang | mring dhusun Baki jujuge | dene prayayi kaparak | gêng alit winilisan | inggih namung pitung puluh | sanjata kang tigang dasa ||

3. kunêng

--- 63 ---

mungsuh ingkang kari | kang angriwuk urut marga | kang maring barisan gêdhe | binanton sakin akathah | langkung turôngga dhomas | sinuwarakakên lamun | Dipati Kudanawarsa ||

4. barisira pinara tri | kang sapôntha kidul gènnya | kang sapôntha lèr lan kulon | jagani bok sultan prapta | saking môncanagara | baris siluman ing dhusun | tan ana ingkang ngatingal ||

5. wontên ngirim obat mimis | saking nagari Sêmarang | sèkêt gotongan cacahe | kèndêl nagri Surakarta | nuwun kang ngatêrêna | inggih datan sagêd laju | mring barisan Kêdhungjambal ||

6. mantri gowong kang tinuding | sakawan duk anyar prapta | lan Walandi suwidake | nging jalan kaki sadaya | kinèn sami jujuga | ing Baki barisanipun | Tumênggung Sasradiningrat ||

7. nênggih ingkang dèn tindhihi | abdi dalêm kawan dasa | mung kalih atus cacahe | wus tampi surat parentah | kinèn angêtêrêna | Kumpêni ingkang angintun | dèn prapta ing Kêdhungjambal ||

8. Kumpêni wus praptèng Baki | Tumênggung Sasradiningrat | ngundhangi kônca budhale | ngiringkên gotonganira | obat mimis akathah | duk prapta sakidul Ngluyu | riwuking mungsuh katingal ||

9. saking wetan kilèn prapti | wontên pitung atus kuda | ngênginthil kanan kerine | Kumpêni nêdha parentah | marang Tumênggung Sasra | mungsuh punapa pinagut | tumênggung paran ing karsa ||

10. radèn tumênggung [tu...]

--- 64 ---

[...mênggung] nauri | yèn iki sira paguta | mundhak iku anyênyuwe | iya ing laku kewala | lah payo tinambuhan | apranga sambi lumaku | sigra byak gêlar prit nêba ||

11. Kumpêni ingkang nêngahi | lan Radèn Sasradiningrat | lawan sabature dhewe | dene prayayi kaparak | munggèng poncot kang wetan | dene wadya patang puluh | nyirahi kilèn gènira ||

12. abayak lampahing baris | rêmbatan wong munggèng ngarsa | sigra mungsuh kukuk nosog | patang puluh tinarajang | rame tarung sanjata | Kumpêni sakopral tulung | ngilèn tiga wêlas kopral ||

13. patang puluh dèn tulungi | sami giyak ngamuk rampak | kang turôngga sami nyêrot | nêdya sami tarung tumbak | mungsuh giwar sakêdhap | sigra sinuwaran mundur | Tumênggung Sasradiningrat ||

14. sangêt dènnya marentahi | aja na ngumbar kasuran | pan iku dudu ênggone | manawa sira tinunjang | rinusak lakunira | nora sun pênging angamuk | yèn mangkono bae aja ||

15. mungsuh iku angênginthil | pan ora mêgati ngarsa | nunjang saking wuri bae | Tumênggung Sasradiningrat | mêmuruk paparentah | dadi prang sambi lumaku | akawit prang pukul sanga ||

16. dupi ing satêngah siji | Istimolor lagi prapta | lakune lawan sarênge | lampahira kangjêng sultan | saking môncanagara | wontên ing marga karungu | Kumpêni binegal mêngsah ||

17. tan adangu anarêngi |

--- 65 ---

panèkêt kêkalih prapta | urunan panèkêd gêdhong | praptane atur uninga | angiringkên Walônda | nèng marga binegal mungsuh | wau sawêg pukul sanga ||

18. bupati ingkang angiring | Tumênggung Sasradiningrat | linawanan aprang lèrèh | pinagut sarwi lumampah | pinogok lamun mêlak | Dipati Pringgalayèku | parentah mring Mangkuyuda ||

19. Mangkuyuda marentahi | Ngabèi Jayanagara | budhal lawan sakancane | kêkapalan tiga bêlah | sami anandêr nyongklang | wau kang kininthil mungsuh | Tumênggung Sasradiningrat ||

20. dènnya prang samargi-margi | jalan kakine sawidak | yèn pinêlak sami dhepok | lan prajurit kawan dasa | kang mayungi Walônda | waose galathik mungup | Dorapati Namèngyuda ||

21. satus anunggil Kumpêni | mila yudanipun kêkah | mungsuh asangêt rungake | yèn pinêlak sami giyak | akèh sami mêkanjar | anjogèd angundha lawung | dudu baturing wadana ||

22. dhapure abêcik-bêcik | waose sami katingal | para lurah bêbêkêle | kang sami sumbar makanjar | waos sami godhi mas | sêkar pacar tatahipun | pating karêthap têtela ||

23. lamun prajurit jro sami | têtindhihe songsong pêthak | klejawuru rasukane | turanggane bopong pancal | kore tangkêp ngatepang | kagunganira sang prabu | abagus punggawanira ||

24. wontên [wontê...]

--- 66 ---

[...n] larèn ming sakêdhik | sawusira sami nabrang | kèndêl baris sakathahe | rame atarung sanjata | Kumpêni ngiras samya | nêdha roti sangunipun | pinangan sajroning aprang ||

25. mêdhun saking ing turanggi | Tumênggung Sasradiningrat | para mantri mudhun kabèh | saking prajurit turôngga | sami mêdhun sadaya | pamrihe radèn tumênggung | Kumpêni tyase ayêma ||

26. suka alpèrès murugi | ing Radèn Sasradiningrat | anawakakên rotine | sarwi ngungak kang ayuda | mungsuh kèndêl sadaya | amung sanjata kang tarung | sami saking katêbihan ||

27. kasaru bantu kang prapti | Ngabèi Jayanagara | tiga bêlah kapalane | lan dragundêr salawe prah | Jayanagara mulat | ing mungsuh lajêng akukuk | nunjang lan sabaturira ||

28. dragundêr sami tut wuri | amung nadhahi sakêdhap | lorod sami ngalor ngulon | Ngabèi Jayanagara | sinusul tinimbalan | nênggih kang nimbali wangsul | Tumênggung Sasradiningrat ||

29. sapraptane angabêkti | Ngabèi Jayanagara | miwah mantri sakancane | sami angujung sadaya | matur Jayanagara | sami basuki rahayu | paduka aprang sakenjang ||

30. kawula botên angimpi | lampah punika sampeyan | lan nindhihi prajurit jro | nyana Kumpêni sadaya | lawan mantri urunan | sintên inggih wartinipun | mêngsah sampeyan punika ||

--- 67 ---

31. alon dènira nauri | Tumênggung Sasradiningrat | adhi wartane kemawon | nora têmêne wikana | bandhèk Kudanawarsa | Jayanagara umatur | têlik kawula waspada ||

32. punika ingkang nindhihi | Ngabèi Jayasimpangan | Danawarsa pulunane | dene ingkang tinindhihan | para mantri sêsanga | kang tinuduh angêriwuk | Ngabèi Jayadrigama ||

33. lawan Malangprakosèki | lan pun Dhandhang Wisamarta | lan Dhandhang Môndhalikane | tuwin pun Malangsêmita | tuwin pun Bagadênta | lan Tanjung Surawinangun | miwah Dhandhang Pramuseta ||

34. lan pun Dêmang Anggaspati | mantri sêsanga punika | kang tinuduh pakaryane | inggih amêjahi marga | dene Kudanawarsa | tumut ing pangeranipun | inggih sami baris Bangak ||

35. Istimolor wau prapti | dipun kèngkèn benjang enjang | yèn Mangkunagara tanggon | pasthi inggih tarung benjang | mila botên tinunjang | kinawruhan gêlaripun | bok mogok bali mangetan ||

36. sultan ngriyinkên prajurit | bandera Gula Kalapa | kidul Butuh nabrang ngilèn | punggawa lan Garobogan | lan ing Warung kinarya | Sêmang binusanan murub | tinarkaa lamun sultan ||

37. panggêcote dèn kawruhi | adate Mangkunagara | ya ta wau sarêng bodhol | Tumênggung Sasradiningrat | saking lor Waladana | ngidul ngilèn lampahipun | lan Kumpêni nulya prapta ||

38. Kêdhungjambal barisnèki |

--- 68 ---

pinêthuk atêtabean | lawan Mayor Istimolor | ngrangkul sarwi cêciuman | lawan Tumênggung Sasra | mayor tutur lampahipun | sultan mèh yuda kênaka ||

120. Pangeran Mangkunagara dipun bêbujêng dhatêng Kangjêng Sultan

178. Pangkur

1. wuwusên punggawanira | kangjêng sultan kang dadya Sêmang nênggih | praptèng Tarantang kêkuwu | wadya Mangkunagaran | wus miyarsa yèn wontên baris kang rawuh | saking lèr wetan praptanya | manawi Sultan Giyanti ||

2. bandera Gula Kalapa | saragêni cinthung kang munggèng ngarsi | katur ing Pangeranipun | lamun kang rama prapta | sigra budhal Pangran Mangkunagarèku | angidul jog sêdyanira | marga gêng Toyadanèki ||

3. tumênggung ing Garobogan | panarkane gubêd mangetan malih | sêsandêran dutanipun | tur uningèng jêng sultan | yèn budhaling mêngsah saking Bangak ngidul | kilap jêbulipun ngarsa | dutane prapta ing wêngi ||

4. sultan baris ing Larangan | wus tinanggap duta kang prapta wêngi | duk miyarsa langkung gugup | sultan dulu têngara | dalu-dalu sultan budhale gumuruh | manawa mungsuh sêdyanya | galibêd Surakartèki ||

5. ginêlak lampahing bala | kadya rakit lajêng umangsah jurit | bokmanawa adatipun | culika ing ayuda | wanci lingsir kilèn wau praptanipun | anèng Ganggang

--- 69 ---

kaèbêkan | bêranang ingkang prajurit ||

6. amanggil Uprup Abraham | tundhuk lawan sultan ngandika aris | matura ing anak prabu | ingsun amasanggrahan | anèng desa ing ngarêp kang katon iku | uprup ature sumôngga | Padhiwutan dhusun alit ||

7. uprup lajêng pamit mêsat | mring kêdhaton dèniratur udani | lamun ingkang rama rawuh | ngasakkênngrasakkên. masanggrahan | Kadhiwutan ing pinggir bêngawanipun | sang nata kagyat miyarsa | nimbali wadana kalih ||

8. Tumênggung Puspanagara | lan Tumênggung Tirtawiguna prapti | kinèn ngêrig kancanipun | ambêkta pasarean | dandanana iya Kadhiwutan iku | kinarsakkên paman sultan | Dhiwutan dèn pasanggrahi ||

9. Tumênggung Puspanagara | miwah Tirtawiguna ngêrig sami | priyayi ing gêdhong kêbut | panèkêt mantrinira | tuwin jajar kang sami angusung-usung | pasarean ing Dhiwutan | kerid ing tumênggung kalih ||

10. prapta lajêng dandan samya | pasarean sarta têtarub jawi | kajang grêsik tarubipun | simpênane wong Sangkrah | Pasampangan Panusupan kang kinumpul | lawan sinung têtuwuhan | sakalangkung amurwani ||

11. wus rumat atur uninga | sultan têdhak lan sawadyanirèki | Kadhiwutan praptanipun | wadyanira balabar | sultan manjing kagyat ningali têtarub | sarta ingkang têtuwuhan | dadakan rakite dadi ||

12. sultan amundhut amparan | tiningalan kang mêntas nambut kardi | kêkalih

--- 70 ---

tumênggungipun | kancanipun akathah | tinimbalan ing ngarsa tumênggungipun | Tumênggung Puspanagara | tilar dhuwung angabêkti ||

13. kalawan Tirtawiguna | wusnya ngujung sampun kinèn anêbih | Puspanagara dinangu | gustimu padha arja | matur inggih wilujêng putranta prabu | sultan malih angandika | ya Si Mangkunagarèki ||

14. mêtu ngêndi pangalornya | nêmbah matur salèring Gawok kêdhik | ngalèr ngilèn lampahipun | ya ingsun liwat Maras | bok anggêpuk mendah susahing nak prabu | mêngko kapriye wartanya | Puspanagara wotsari ||

15. nênggih dhusun Majasanga | gènnya ngalèr margi agêng malipir | jêng sultan ngandika arum | iku Puspanagara | sun jujula bali ngetan menggok ngidul | gêlare dubilah setan | trah Mataram ati maling ||

16. dadi prajurit urakan | yèn mangkono ilok ngisin-isini | hèh Puspanagara iku | kancanira wadana | saparane Puspanagara umatur | inggih pun Tirtawiguna | gumujêng ngandika aris ||

17. iku putune Sindurja | cilik têmên bapakne apa mati | Si Tirtawiguna lurus | lah iku tiru sapa | iku apa awas ing pamawasipun | duwe aji Danurwenda | dadi awas yèn bêbêdhil ||

18. lamun ora mangkonoa | iya sapa kang ngarani bupati | Puspanagara umatur | gusti ampuh punika | kang dèn andêlakên amung untunipun | sok mêngsah kenginga cêlak | rinukêt [rinukê...]

--- 71 ---

[...t] cinokot aglis ||

19. yêkti mêngsah lajêng basah | lir sinêntak sultan gumujêngnèki | kang pra dipati gumuruh | arame gujêngira | langkung suka sultan pangandikanipun | hèh sagunge pra dipatya | Si Puspanagara iki ||

20. abêcik tirunên padha | wong kêkancan cacade dèn alingi | kancane wong kaya êmpluk | nora wèh yèn cinacad | yèn apêrang iku anyakote ampuh | cilik-cilik ngula wêlang | singa rinukêt babar ji ||

21. gumêr malih pra dipatya | kang pinoyok Ki Tirtawigunèki | milu gumuyu angguguk | kasaru wontên prapta | duta prapta maksih wontên jawinipun | wontên kang atur uninga | putra dalêm kalih prapti ||

22. inggih Radèn Mas Kaliman | lawan putra dalêm Radèn Panolih | wus kinèn nimbali gupuh | kalih praptèng ngajêngan | gantya angabêkti pra samya rinangkul | sinêsêp-sêsêp kang sirah | sarwi nênggak waspanèki ||

23. wus gêdhe têmên sutèngwang | apa durung dèn paringi kêkasih | Puspanagara umatur | inggih dèrèng punika | kangjêng sultan alon pangandikanipun | duk ingsun dadi pangeran | tuwa putraningsun iki ||

24. radèn mas kalih tur sêmbah | kula ngutus ngaturkên ingkang bêkti | putranta bok ayu ratu | angaturkên dhadharan | pan sadasa jodhang samôngka lan kimuntimun. | têbu ingkang pitung rêmbat | pêlêm salak durèn manggis ||

25. inggih sami pitung rêmbat | ingkang tigang

--- 72 ---

rêmbat pan jêram lêgi | sênôngga jambu kapundhung | pitung sôngga sadaya | wus tinampan lajêng binage martêlu | pawèstri ingkang saduman | rong duman malih binagi ||

26. marang sagung pra dipatya | miwah sagung kapala pra prajurit | jêng sultan suka kalangkung | songgo lajêng kairas | kang dhinahar sang nata kapundhung jambu | ngiras sami gêgujêngan | wau kang putra kêkalih ||

27. sami pinaring turôngga | sami kore sakambil saput ranti | lawan uwange anyatus | sarta badhe rasukan | pan baludru ijêm pan rangkêpanipun | kang putra kalih tur sêmbah | ingaras sirahnya sami ||

28. pamit pan sampun linilan | kang wadana kalih sami umiring | Puspanagara Tumênggung | lawan Tirtawiguna | ingkang kari sultan manjing kuwunipun | bubar samya pamondhokan | sagung kang para dipati ||

29. sadalu nèng Padhiwutan | enjing mingsêr ngilèn sawadyanèki | ing Nglawiyan dhusunipun | nênggih ing KabandaranKabanaran. | kidulipun pêkên Nglawiyan puniku | masanggrahan sangang dina | Istimolor dèn timbali ||

30. kang abaris Kêdhungjambal | Radèn Sasradiningrat anarêngi | mungsuh kang sami ngêriwuk | ing margi sami ical | ting balêsar rêbat paran rawuhipun | jêng sultan ajrih ngatingal | bok dèn ubrês angêmasi ||

31. wau Istimolor prapta | Kabanaran Lawiyan barisnèki | Sultan Giyantipurèki | wus panggih atabean | molor matur ing jawi wontên tumênggung | Tumênggung Sasradiningrat |

--- 73 ---

punggawèng Surakartèki ||

32. saking ngatêrkên Walônda | duk binegal mungsuh ngriwuk anginthil | gènipun aprang sabêdhug | juru nglanglang ing marga | lan ngatêrkên baranging Kumpêni nusul | Tumênggung Sasradiningrat | prajurit jro dèn tindhihi ||

33. punggawane putra tuwan | Surakarta Sultan akèn nimbali | wus praptèng byantara prabu | sèlèh dhuwung mangarsa | ngaras pada cinablèk walikatipun | bocah iki basakêna | gêlis têmên kaki-kaki ||

34. thole ingsun iki eram | Si Kaliman iya lan Si Panolih | padha gêlis tuwanipun | mêngko sun dulu sira | sakin gawok padha gêlis tuwanipun | lah payo sira tutura | lah apa karyanirèki ||

35. Tumênggung Sasradiningrat | nêmbah matur kula inggih tinuding | amatroli marginipun | ingkang dhatêng barisan | mangke kula sumanggèng karsa pukulun | inggih anuhun parentah | sultan mèsêm ngandika ris ||

36. ya wis thole aja susah | wus sun pikir setaning mungsuh iki | ingkang padha dadi riwuk | sun kèn nitik gènira | yèn katêmu bêngi nuli sun kèn nukup | sarta ngêsuk sagènira | mari-mari yèn wus kêni ||

37. Dèn Rôngga Prawiradirja | nuwun seba sigra dènnya nimbali | praptèng byantara wotsantun | pukulun tur uninga | wontên mêngsah atur pêjah gêsangipun | mantri gangsal nungkul nêdya | sumungkêm ngabdi sang aji ||

38. punika ingkang tinêdah | angrêriwuk ingkang mêjahi [mê...]

--- 74 ---

[...jahi] margi | sakawan kang dèrèng nungkul | nanging môngsa puruna | nuduhakên inggih padamêlanipun | wastane mantri punika | pun Rôngga Pramusitèki ||

39. lan pun Dhandhang Wisamarta | Bagadênta pun Malangsasmitèki | gangsal pun Surawinangun | sultan alon ngandika | timbalana mantri kang padha anungkul | sun arsa angawruhana | dhapure kang para mantri ||

40. gya mêdal Prawiradirja | lêbêtipun angirid mantri bêkti | prapta ing ngajêngan sampun | dangu sami sinawang | sami kinèn acucul rasukanipun | sadaya sami prayoga | kalih ngron ing kamal aking ||

179. Sinom

1. nênggih Dhandhang Wisamarta | apêthokol punuk kêcil | jêng sultan gumujêng latah | lawan pun Bagadêntèki | kaku kapati-pati | akiyal irung awidhung | dene pun Pramusita | miwah Malangsasmitèki | lan pun Surawinangun bagus sadaya ||

2. wus sami sinung parentah | katrima panungkulnèki | samya ginanjar rasukan | sadaya matrês we abrit | lan pinaringan malih | baludru cêmêng talakup | sami mawi renda mas | saya wuwuh gêng tyasnèki | pinacak lan padha ngrêtakna wong desa ||

3. sultan gumujêng ngandika | ya iki bêgjanirèki | ya kulup Sasradiningrat | wus antuk kanthinirèki | hèh wong lima sirèki | aja na milu anglurug | padha sira tunggua | tanah sakiduling Baki | sabarang rèh têtarèna sutaningwang ||

4. padhang pakewuhing lampah | iya tutura sirèki | marang Si Sasradiningrat |

--- 75 ---

dèn roroni tunggal sami | yèn sira nora wani | mring Si Kudanawarsèku | miwah Kartanagara | kang galibêd angrusuhi | sami matur rêmuk tuwan bandhêmêna ||

5. ajriha Kartanagara | miwah Kudanawarsèki | dede anaking manungsa | yèn jêng tuwan angidèni | mibêra dhatêng langit | pun Bandhèk kawula susul | anake Namèngjaya | êmban Kapurbayan nguni | kaparentah mring pun kaki Wôngsadirja ||

6. sultan kagyat angandika | apa ta kakèkmu dhingin | pêpatihe Kangjêng Paman | Panêmbahan Purbayèki | duk Pamarbung pan dadi | Wiranagara Tumênggung | hèh Si Malangsasmita | sira taliti prajurit | ajênênga sira Rôngga Malangdirja ||

7. Tumênggung Sasradiningrat | pamit pinaring turanggi | kore agêng tapuk ing tal | lan mantri têlukan sami | gangsal ingkang tinuding | sami rumêksa margagung | lawan rumêksèng desa | kang wus tumut ratu kalih | bok dèn riwuk mungsuh Kamangkunagaran ||

8. kalawan kinèn anuta | têgêse anyenapati | ing Radèn Tumênggung Sasra- | diningrat sabarang kardi | tarèn atur upêksi | dèn biyantu tunggul laku | tiwas untung parênga | aja ngucira ing budi | ingkang rama lan kang putra badan tunggal ||

9. budhal saking Kabanaran | kumpul tigangtus turanggi | praptèng Luyu pirêmbagan | panggènan apacak baris | salèring gunung Wujil | kalawan sawetanipun |

--- 76 ---

dene Tumênggung Sasra | ing Luyu sampun prayogi | pan kasait inggih pangrêksa kawula ||

10. wus dadya ingkang pinacak | barise rumêksèng wuri | wau dènnya pirêmbagan | sultan angandika aris | hèh mayor laku iki | mêtua wetan sirèku | mungsuh iki karuwan | mring Dêmak nêdya masisir | payo padha kininthil saparanira ||

11. sira anuli budhala | iya anjog Sukawati | ngalor Warung Garobogan | wus sah parentahirèki | Istimolor nulyamit | lampahe datan kawuwus | praptaning Kêdhungjambal | ngundhangi siyaga sami | wus têngara budhal saking Kêdhungjambal ||

12. gumuruh swaraning bala | nênggih ingkang mianjuri | dragundêr Kapitan Sungrat | bupati kanthinirèki | kyai tumênggung nênggih | Rungbinang sakancanipun | kadya wukir dahana | wus prapta ing Sukawati | kangjêng sultan budhal saking ing Lawiyan ||

13. sadalu kèndêl Cêpaka | Pangran Mangkunagarèki | anjog Tingkir lampahira | samargi ngobong-obongi | gepak mangetan kêdhik | mrêpêki anjog ing Gubug | jinaga ing Walônda | têlu kopral karyanèki | takêr bêras rinampog katri wus pêjah ||

14. wus angancik bumi Dêmak | padhusunan dèn obongi | wau malih kawuwusa | kang saking Surabayèki | Dêlèr Nikolas Harting | mring Samarang antukipun | duk prapta ing Juwana | kaluntag gègèr-gègèri |

--- 77 ---

Pangran Mangkunagara wus anèng Dêmak ||

15. dadya dêlèr kèndêlira | anèng Juwana nagari | anata prajuritira | ing batin ingkang dèn anti | sultan pasthi nututi | Tuwan Mayor Moloripun | wau ta kawuwusa | sultan dènira ngênginthil | kanthi lawan dadamêl ing Surakarta ||

16. wus angancik tanah Dêmak | bang kilèn ingkang dèn goni | wong Surakarta kang wetan | Pangran Mangkunagarèki | miyarsa yèn dèn kinthil | amlos lampahirèng dalu | mêdal têngah kang lêga | ingkang têbih lawan baris | sapraptane minggah gunung Kêndhêng êbyar ||

17. anjog ing Warung samana | sultan anulya nututi | lan gêgaman Surakarta | ngusir nalasah kang baris | mungsuh kèndêlirèki | amakuwon ing Kumuncup | sultan nèng Garobogan | gêgaman Surakartadi | nèng Balora mungsuh ngoncati budhalan ||

18. angidul mring tanah Pajang | malipir Surakartèki | mangidul anjog Papedan | wau kang samya nututi | misih tumut kêkinthil | angilèn ing karsanipun | Pangran Mangkunagara | badhe malêbêt Matawis | dupi prapta sawetaning Kalirêca ||

19. mulat angalèr katingal | bantu saking ardi Gamping | kadya maesa sêsingat | lampahing baris Kumpêni | Kapitan Markèt nênggih | lampahira ngiras bantu | prêlune tur uninga | mring sultan lan Molor sami | dènnya kadhatêngan Pangran Purubaya ||

20. bêkta bupati [bupa...]

--- 78 ---

[...ti] sakawan | rongatus Kumpêni putih | tigang atus Kumpêni Slam | Pangran Mangkunagarèki | wangsul mangetan malih | praptèng Karangri kapêthuk | dêdamêl Surakarta | ingkang sami anututi | nugêl têngah wantêre Kapitan Sungrat ||

21. arame tarung sanjata | giwar mungsuh nganan ngering | gustine kantun nèng wuntat | rusuh dènira ajurit | pangran anunjang aglis | nututi ing balanipun | mungsuh mêtênggêng samya | tan ana ingkang ambêdhil | panyanane bature dhewe kang nunjang ||

22. dupi kapungkur uninga | yèn mungsuh kang nugêl iki | Pangeran Mangkunagara | tinututan sampun têbih | ngumpul prajuritnèki | ngalèr ngetan lampahipun | kèndêl ing Aribaya | sultan lan bala Kumpêni | sami ngalèr pacak baris ing Drêsanan ||

23. kang lèr baris Surakarta | kidul sultan barisnèki | sami nitik amêcalang | ing gène mungsuhirèki | eca kèndêl alami | nèng Drêsanan baris kumpul | Kapitan Markèt panggya | lan sultan ingkang angirid | Mayor Molor tur uninga marang sultan ||

24. lamun Pangeran Purbaya | sampun prapta ngardi Gamping | bature amung sadasa | sultan angandika aris | ya ingsun kirim tulis | marang sudara gupêrnur | wau ta kawuwusa | Gupêrnur anèng Juwani | sabubare Pangeran Mangkunagara ||

25. saking Dêmak budhalira | nêdya mantuk mring Samawis | duk mungsuhnya anèng Dêmak |

--- 79 ---

dêlèr kèndêl Juwanèki | pra samya ngati-ati | lan anganti praptanipun | sultan pambujungira | sarawuhe lajêngnèki | mangke prapta nèng Samarang guladrawa ||

Lajêng nyandhak jilid 19.

--- [0] ---

Isinipun

... Kaca

116. Tata-tata badhe nglurugi mêngsah dhatêng Pranaraga ... 17

117. Adipati Pringgalaya tampi duka saking Ingkang Sinuhun Kangjêng Sunan tuwin Kangjêng Sultan ... 28

118. Kangjêng Sultan matêdhani priksa dhatêng ingkang putra sang nata, yèn badhe bidhal nglurug ... 45

119. Pangeran Mangkunagara sawadyabalanipun oncat saking dhusun Mamênang badhe anggêpuk tanah pasisir. Wontên ing tanah Pajang pêrang riwuk kalihan prajurit Surakarta ... 57

120. Pangeran Mangkunagara dipun bêbujêng dhatêng Kangjêng Sultan ... 68