Sastra Jawa

Program Digitalisasi Sastra Daerah

  • Increase font size
  • Default font size
  • Decrease font size

Babad Giyanti, Balai Pustaka, 1937-39, #985 (Jilid 20)

Katalog:Babad Giyanti, Balai Pustaka, 1937-39, #985
Sambung:
1.Babad Giyanti, Balai Pustaka, 1937-39, #985 (Jilid 01). Kisah, Cerita dan Kronikal | Babad Giyanti #1061.
2.Babad Giyanti, Balai Pustaka, 1937-39, #985 (Jilid 02). Kisah, Cerita dan Kronikal | Babad Giyanti #1062.
3.Babad Giyanti, Balai Pustaka, 1937-39, #985 (Jilid 03) . Kisah, Cerita dan Kronikal | Babad Giyanti #1063.
4.Babad Giyanti, Balai Pustaka, 1937-39, #985 (Jilid 04). Kisah, Cerita dan Kronikal | Babad Giyanti #1064.
5.Babad Giyanti, Balai Pustaka, 1937-39, #985 (Jilid 05). Kisah, Cerita dan Kronikal | Babad Giyanti #1065.
6.Babad Giyanti, Balai Pustaka, 1937-39, #985 (Jilid 06) . Kisah, Cerita dan Kronikal | Babad Giyanti #1066.
7.Babad Giyanti, Balai Pustaka, 1937-39, #985 (Jilid 07). Kisah, Cerita dan Kronikal | Babad Giyanti #1067.
8.Babad Giyanti, Balai Pustaka, 1937-39, #985 (Jilid 08) . Kisah, Cerita dan Kronikal | Babad Giyanti #1068.
9.Babad Giyanti, Balai Pustaka, 1937-39, #985 (Jilid 09). Kisah, Cerita dan Kronikal | Babad Giyanti #1069.
10.Babad Giyanti, Balai Pustaka, 1937-39, #985 (Jilid 10). Kisah, Cerita dan Kronikal | Babad Giyanti #1070.
11.Babad Giyanti, Balai Pustaka, 1937-39, #985 (Jilid 11) . Kisah, Cerita dan Kronikal | Babad Giyanti #1071.
12.Babad Giyanti, Balai Pustaka, 1937-39, #985 (Jilid 12). Kisah, Cerita dan Kronikal | Babad Giyanti #1072.
13.Babad Giyanti, Balai Pustaka, 1937-39, #985 (Jilid 13) . Kisah, Cerita dan Kronikal | Babad Giyanti #1073.
14.Babad Giyanti, Balai Pustaka, 1937-39, #985 (Jilid 14) . Kisah, Cerita dan Kronikal | Babad Giyanti #1074.
15.Babad Giyanti, Balai Pustaka, 1937-39, #985 (Jilid 15) . Kisah, Cerita dan Kronikal | Babad Giyanti #1075.
16.Babad Giyanti, Balai Pustaka, 1937-39, #985 (Jilid 16). Kisah, Cerita dan Kronikal | Babad Giyanti #1076.
17.Babad Giyanti, Balai Pustaka, 1937-39, #985 (Jilid 17). Kisah, Cerita dan Kronikal | Babad Giyanti #1077.
18.Babad Giyanti, Balai Pustaka, 1937-39, #985 (Jilid 18). Kisah, Cerita dan Kronikal | Babad Giyanti #1078.
19.Babad Giyanti, Balai Pustaka, 1937-39, #985 (Jilid 19). Kisah, Cerita dan Kronikal | Babad Giyanti #1079.
20.Babad Giyanti, Balai Pustaka, 1937-39, #985 (Jilid 20). Kisah, Cerita dan Kronikal | Babad Giyanti #1080.
21.Babad Giyanti, Balai Pustaka, 1937-39, #985 (Jilid 21). Kisah, Cerita dan Kronikal | Babad Giyanti #1081.

Serie No. 1259s

Babad Giyanti

Anggitanipun Radèn Ngabèi Yasadipura I ing Surakarta.

Jilid 20.

Bale Pustaka - 1939 - Batawi Sèntrêm.

--- [1] ---

Wêwênangipun ingkang ngarang kaayoman miturut anggêr ingkang kapacak ing sêtatsêblad 1912 No. 600.

--- [2] ---

Isinipun

... Kaca

129. Kangjêng Sultan damêl gumujêngipun para abdi ... 4

130. Dhusun Matesih dipun jarah-rayah dening prajurit Madura ... 11

131. Lêlampahanipun Kangjêng Sultan nalika taksih timur ... 14

132. Prajurit Mangkunagara nêmpuh nagari Ngayogyakarta ... 22

133. Panji Kartayuda tuwin Panji Kartasari dipun timbali dhatêng Surakarta ... 40

134. Pangeran Mangkunagara nyuwun pangayoman dhatêng Ingkang Sinuhun ing Surakarta, lumantar bok bakul grêji ... 48

135. Ki Wôngsa Niti kautus Kangjêng Sunan manggihi Pangeran Mangkunagara ... 61

136. Kangjêng Sultan ambibarakên barisan ... 76

Pêpêrangan wontên ing Sima.§ Miturut babon ingkang sumimpên ing Kon. Bat. Gen. v. K. en W.

50. ingumbenan Martalaya emutira | regang-regang alinggih | pan sarwi sinundhang | pinêndhêtkên landhean | sakawan binongkok sami | badhe kinarya | gotong pan sampun prapti ||

51. Pangran Pakuningrat bêkta tandhu sigra | Martalaya anangis | angrangkul pangeran | bêndara botên nyana | inggih bilih gêsang malih | katur ing sultan | yèn Martalaya kanin ||

52. wau palajênge kang mêngsah angetan | mantri jêro kapanggih | nèng sawetan wana | langkung sami sukanya | kawula kalawan gusti | lajêng lêlampah | rêp Sabakarta prapti ||

53. kangjêng sultan parentah mring Danurêja | mungsuh kinèn ngêthoki | kang mantri kewala | cinacah gangsal bêlah | sarupane mungsuh prapti | ingkang kawruhan | kathah kang ngungsi kali ||

54. ing jêjurang garumbul sami kanggenan | pating galêrêng sami | prajuritnya sultan | tigang dasa kang pêjah | sawêlas kang sami kanin | Dragundêr gangsal | jalan kaki kêkalih ||

55. wus mangkana sultan lan sabalanira | ngingsêri kidul kêdhik | dhatêng Lèpènjêram | dènira masanggrahan | bupati môncanagari | kinèn nalasah | kèndêle mungsuh sami ||

56. kangjêng sultan karya [kar...]

--- 4 ---

[...ya] srat kalih wus dadya | mring Samarang satunggil | satunggil badhenya | marang ing Surakarta | wus dadya gandhèk lumaris | mring Surakarta | kang maring ing Samawis ||

57. kang tinuduh nênggih ajidan Walônda | wau gandhèk kang prapti | nagri Surakarta | pukul satêngah rolas | uprup dalu dènnya manjing | marang kadhatyan | katur ing sri bupati ||

58. suratira kang rama atur upiksa | yèn unggul ing ajurit | aprang wontên Sima | mungsuh undure rusak | ing benjang-enjang angusir | nênggih kang rama | mêdal Surakartèki ||

59. saking dhangan mamêrta panggenan mêngsah | tamat sigra nimbali | sang nata wadana | gêdhong Puspanagara | lawan Tirtawigunèki | wus dhinawuhan | tata-tata mêmanis ||

192. Dhandhanggula

1. Mayor Dungkul putusanirèki | maring Molor ana Salatiga | pêpuntiran ing surate | têgêse surat nêpsu | mèt pangrasa tanpa ngrasèki | Molor ngangsuli sêrat | sambat sakit ngêlu | sangêt sirah kadi pêcah | apurane Mayor Dungkul ing saiki | saking parêng alara ||

129. Kangjêng Sultan damêl gumujêngipun para abdi

2. kunêng wau sultan budhal enjing | saking pasanggrahan Lèpènjêram | gumuruh wadya balane | margèng Wanakartèku | ing

--- 5 ---

Lawiyan ingkang dèn jogi | wau ta sri narendra | ing Surakartèku | angrakit badhe saosan | panusupan sinaoskên dèn rêsiki | pakuwone kang paman ||

3. lawan sagung pasareyannèki | pan sadaya saking jroning pura | jodhang atusan wus andhèr | miwah siyaga sampun | kalih pisan lurahirèki | pelog kagungan nata | sampun mijil dangu | Tumênggung Puspanagara | miwah Tirtawiguna ingkang nênggani | rêspati ing rakitnya ||

4. Kalèn dhusun sinungan sakêdhik | rêratan kang anjog pasanggrahan | anurut têtuwuhane | punggawa kang kapêthuk | nênggih Sasradiningrat panggih | lan wau kangjêng sultan | ingaturan laju | sinaosan panusupan | lampahira Tumênggung Sasra angirid | wus prapta panusupan ||

5. sultan kèndêl taratagirèki | mundhut amparan arsa alênggah | nimbali pra dipatine | Puspanagara ngujung | lawan Tirtawiguna sami | sultan mèsêm ngandika | hèh Tumênggung Lêmuk | sira padha salamêt ta | miwah sira Tumênggung Puspanagari | miwah Sasradiningrat ||

6. nêmbah matur nuwun punggawa tri | kangjêng sultan gumujêng ngandika | têka kapara-kapere | punggawane nak prabu | sisihane wong gêdhong iki | têngên Puspanagara | kagêdhèn kalangkung | iku Si Tirtawiguna | kêcilikên anyêngklèng kapati-pati | bango sisih parênjak ||

7. sru gumujêng sagung pra dipati | kang pinoyok milu latah-latah | kang

--- 6 ---

miyat sangsaya rame | sirêp ingkang gumuyu | sultan wau sigra ngêjèpi | marang Tumênggung Sasra | mangsah ngarsa prabu | bisik-bisik angandika | kangjêng sultan mring cèthi mundhuta aglis | bokor cilik têtiga ||

8. tan adangu sinungakên aglis | sarwi bisik Ki Tumênggung Sasra | iku thole sugatane | nak prabu lan bok mantu | pilihana kang cilik-cilik | kapundhung rontogana | dhuwêt malihipun | gorengan botor bok ana | wadhahana ing bokor têtêlu iki | bokor salaka bajang ||

9. iki bokor pajamon pawèstri | mêngko Tumênggung Tirtawiguna | nuli konên ngladèkake | marang ing ngarsaningsun | bokor gêdhe dhaharan iki | isènana sêmôngka | lawan durèn iku | Tumênggung Puspanagara | konên ngladèkake marang ngarsa mami | Tumênggung Sasra nêmbah ||

10. kang ngêjèpi mring tumênggung kalih | Puspanagara Tirtawiguna | wus kinèn angladèkake | tumênggung kalih maju | bokor tiga kang alit-alit | isinya kang winadhah | dhuwêt lan kapundhung | gorengan botor binêkta | bokor cilik kang aisi cilik-cilik | Kyai Tirtawiguna ||

11. bokor gêdhe-gêdhe isinèki | Kyai Puspanagara kang bêkta | ing ngajêngan duk praptane | sultan suka angguguk | gumyak sagung kang pra dipati | sultan alon ngandika | iki karyanipun | panujune ana uga | pêpanganan ingkang [ing...]

--- 7 ---

[...kang] padha cilik-cilik | Tirtawiguna gawa ||

12. pêpanganan gêdhe-gêdhe iki | kang anggawa Si Puspanagara | gumêr malih ing gujênge | sagung para tumênggung | sultan langkung lêjar ing galih | tutug apêpoyokan | sarwi tutur-tutur | pratingkahing prang Pasima | sukanira sasat kang putra manggihi | Prabu ing Surakarta ||

13. malah dhahar jêng sultan pan maksih | pagujêngan Ki Tirtawiguna | kang kinèn angladèkake | piringan cilikipun | ingkang isi lalaban ranti | Kyai Tirtawiguna | nyaoskên mring ngayun | isi ranti kêmlandhingan | piring dhasar patèhan kang alit-alit | isi ranti sadaya ||

14. wusnya nglorod sagung pra dipati | kinèn nadhah ing ngarsa Jêng Sultan | Bupati Surakartane | lawan bupatinipun | samya kinèn wor lair batin | pasthi loroning tunggal | nak prabu lan ingsun | bapa lawan kaponakan | mêngko uwis sirna jaman ingkang lali | jaman eling kang ana ||

15. ingkang dipun dhahar wutuh sami | datan wontên ingkang kawoworan | olah-olahan liyane | amung sugatanipun | ingkang putra Surakartèki | tuwuk sapunggawanya | rampadan kang kantun | sadaya ingkang têtiga | pinaringkên pawèstri para garwèki | malah kang tigang jodhang ||

16. pinaringkên kapala prajurit | lawan tumpênge salawe jodhang | warata prajurit kabèh | suguh dhahar kang kantun | pinaringkên kang pra dipati | kinèn angulihêna | marang rabinipun |

--- 8 ---

lan pangiring tumpêngira | kang salawe jodhang marang pra dipati | lan sapangananira ||

17. angandika maring pra dipati | marma sagung para rabinira | oleha sawab brêkate | paringe anak prabu | iya ratu piturun yêkti | beda kalawan ingwang | nadyan padha ratu | ingsun iki pan sêmpalan | nadyan dadi ratu pikir anusuli | sedane kakang êmas ||

18. lamun ora umadêga aji | dadi kuwure ing tanah Jawa | nora tinêmu bêcike | kasaru duta rawuh | kang anamar dhêlik nalitik | ing panggenaning mêngsah | mangke aturipun | wontên bumingong Gabayan | kang dèn goni inggih dhusun Tanjungsari | dhukuh kapit jêjurang ||

19. êstu lamun karusakan gusti | putra dalêm prajurite têlas | mung kantun mantri lêbête | punika ingkang wutuh | mung têtiga ingkang ngêmasi | ingkang tatu satunggal | dene liyanipun | saragni abang prang tandang | saragnirêng miwah mêranggo kang sami | golongan molung dasa ||

20. inggih amung nyadasa kang kari | polèng bugis kalawan tamtama | wolung dasa golongane | lan gulang-gulangipun | wong nirbita tanuastrèki | botên amarapatan | inggih ingkang kantun | pating kulicir kang prapta | wontên gangsal têtiga miwah kêkalih | kathah kang nandhang brana ||

21. opyakipun saking mêngsah gusti | ngriki kathah kengingan punggawa | Rôngga Prawiradirjane | punika sangêt tatu | Martalaya ingkang ngêmasi | rayi dalêm Pangeran |

--- 9 ---

Natakusumèku | punika kang seda ngajang | kang anumbak sagahe langkung mucicil | kenging wêntise kiwa ||

22. saking wuri gènipun nglarihi | ngasta êsês rokoke kabandhang | pan pun kalosod wastane | waos kalangkung ampuh | sabên datan kongsi ming kalih | sipat bêsèr kewala | wulu ayamipun | yêkti mopol lajêng basah | kang anumbak pun Jayaprawira gusti | nguni Kapringgalayan ||

23. Pangran Mangkuningrat sangêt kanin | pun Udanagung ingkang anumbak | sultan angguguk gujênge | milanipun tan ayun | anganggea tidharsèng budi | loking kang kaya-kaya | arang yêktinipun | Adhi Mas Natakusuma | sira ngrasa tinumbak saking ing wuri | pangeran matur nêmbah ||

24. kala kula gupuh amurugi | inggih pinilih lan suranata | duk misah mantri jro ngalèr | gène ambujung mungsuh | suranata miwah pinilih | wontên wurining mêngsah | kêkinthil tut pungkur | dipun nyana sami rowang | kula awe ingrokokangrokok. ing asta kering | pinilih angetana ||

25. iku mungsuh kang sira tut wuri | dudu kancamu katanggung iya | giwara awora kene | apa tan wruh sirèku | banderane kancanirèki | punika wontên numbak | inggih saking kidul | palisire larab rantas | kula tolèh nênggih anuntên binêdhil | dhatêng abdi paduka ||

26. pun Banendra lêlurah saragni | kêni cêcangkoke babar pisan | sês kula tan wruh tibane |

--- 10 ---

lajêng anuli kuwur | kula sampun awor pinilih | prajurit suranata | wus samya angumpul | ngiwa nêngên kula bêkta | kang katêrak ing pamuk kawula ngisis | sultan gumujêng suka ||

27. dalanane ya si adhi iki | wong apêrang kuwure mangkana | eling mring dêdoyanane | yèn mungguh awak ingsun | ingsun bingung tan ana kèsthi | têka tiru si paman | kandêle tyasipun | duk aprang nèng Paterongan | iya têka mangkana paman dipati | saking kandêle manah ||

28. dadya wau sultan praptanèki | pukul sawêlas nèng Panusupan | saking dangu pinarake | dènnya manggihi tamu | pukul tiga bubarannèki | aturna taklim ingwang | Puspanagarèku | anak prabu bok atanya | lakuningsun nora banjur sun rèrèni | têka satêngah côndra ||

29. sira padha angrungu pribadi | duk praptane wau têlik ingwang | Si Mangkunagara gone | Ônggabayan ing dhusun | Tanjungsari sawadyanèki | upama sun jujula | sayêktiku nêmu | iya pati siya-siya | dadi ingsun iya tan etung taliti | wong aprang padha darah ||

30. dadi ingsun budhal benjing-enjing | tilik gon ingsun akarya kutha | nging iya sadhela bae | katri punggawa mundur | praptanira ngandikan sami | matur yèn taklimira | ingkang rama prabu | mulane dangu punika | dipun andhêg gujêngan poyokan sami | malah prasamya sayah ||

31. nênggih katur ing sasolahnèki | ingkang paman cucude [cu...]

--- 11 ---

[...cude] kalintang | rêmên momoyok rahabe | wau ta sang aprabu | langkung sukanira miyarsi | alon dènnya ngandika | iya yèn wis rêmu | Si Kakang Mangkunagara | yêkti kêna inganti jagat kartèki | kunêng sami bubaran ||

130. Dhusun Matesih dipun jarah rayah dening prajurit Madura

32. data tita lingira ing nguni | enjing budhal sultan saha bala | sadintên prapta ing Cèpèr | lor wetaning Kalêpu | wadya kinèn apacak baris | sultan ing dalu budhal | lajêng mring Matarum | enjing lajêng mêmariksa | lurung-lurung miwah ingkang nambut kardi | kadhaton pinariksan ||

33. ênggal arjane ingkang nagari | wong desa kèh kang wismèng nagara | ngiras ngili pangejane | anèng desa pan agung | dèn rayahi ing mungsuh sami | sanadyan dèn rayaha | abarênga ratu | mangkana wus ingaranan | ing Ngayogyakarta Adiningrat nênggih | wus misuwur ingundhang ||

34. kangjêng sultan amung tigang ratri | nèng Ngayogya sigra abudhalan | sapraptanira ing Cèpèr | gandhèk ingkang tinuduh | animbali rahadèn kalih | prajurit putra Sampang | saprajuritipun | kang tinuduh nèng Tapêlan | Panji Kartayuda Panji Kartasari | wong anggandhèk wus mêsat ||

--- 12 ---

35. kangjêng sultan budhal sawadyèki | saking Cèpèr dhusun Aribaya | dhinêsak mungsuh badhene | baris Surakartèku | sampun kinèn mingsêr nèng Samin | mangkana amiyarsa | wau mungsuhipun | yèn sultan barise dhêsak | miwah baris Surakarta marêpêki | nèng kilèn Samêdhangan ||

36. dadya kewran pangran tyasirèki | angoncati dalu lampahira | mring Sêmbuyan pangungsine | jêng sultan têlikipun | yèn ing Tanjungsari wus sêpi | angidul budhalira | inggih kang jinujug | angungsi wukir Sêmbuyan | amung kuda tigang atus kang umiring | langkunga botên kathah ||

37. dadya sultan kèndêl animbali | Istimolor lawan Mangkupraja | mênêdi pasanggrahane | Ngutêr ingkang winangun | papan wiyar rata lan malih | munggèng kering Pabean | ngarsa pêkên agung | ingkang minôngka paglaran | kidul pêkên panggenan watang anênggih | sanadyan anèng têba ||

38. sabên makuwon yèn amarêngi | ari Saptu lajêng mijil watang | sami prajuritan bae | saênggèn-ênggènipun | ngara-ara miwah ing sabin | yèn masanggrahan lama | rinakit lun-alun | marma sikêp tigang dasa | pakaryane bêkta pêthèl pacul linggis | wadung kudhi lan kampak ||

39. pecok cucuk dhandhang lan pugari | yèn alami dènnya masanggrahan | ngrakit lun-alun karyane | wau ta kang winuwus | praptanira kang dèn timbali | tanaya ing Madura | saprajuritipun | Radèn Panji Kartayuda | miwah Raka Radèn Panji Kartasari |

--- 13 ---

kèndêl ing Pacangakan ||

40. pan kapêthuk jêng sultan dutèki | Radèn Rôngga Prawiradirêja | andhawuhkên parentahe | mundhut Madura sèwu | kinèn gêcak dhusun Matesih | mantri urunan gangsal | kuda limang atus | têtindhih Dêmang Jalela | Mangkujaya kang andhèrèk radèn kalih | tinimbalan lajênga ||

41. mila kinèn sami anjarahi | wong Matesih padha labuh ala | tan kêna ngantèn bêcike | sumungkêm milu mungsuh | budhal sagung kang ngidul sami | kalawan kang angetan | têtindhihing laku | pun Natasingron nèng ngarsa | sapraptane Matesih wong Madurèki | lajêng sami jêjarah ||

42. kang katêmu lanang dèn patèni | ingkang wadon sami binoyongan | busêkan kuwur gègère | kang adoh ingkang dunung | ngungsi damèn marang nagari | langkung kawêlasarsa | mring pangungsènipun | ing nagari Surakarta | ewon sami pati-pati anusupi | sabarang wisma lêga ||

43. dadya karya murah ing pawèstri | duk puniku nagri Surakarta | wong wadon sangêt murahe | tan ana ngangge etung | nadyan silih anaking mantri | rupa kadi Supraba | kinawin wong bucu | cebol bajang sami angsal | rabi ayu nora nganggo dèn tukoni | anjarag kinawina ||

44. pangubrêse wadya Madurèki | nora kêna umpêtan kacandhak | kang ngili mring alas gêdhe | mring jêjurang katêmu | kang asimpên dunya dèn ungkih | wong cilik sambatira | samya anênutuh |

--- 14 ---

Pangeran Mangkunagara | jêr bêndara kang angrusak ing wong cilik | nora bobot prakara ||

45. pan wong cilik kang padha nêmahi | nêmu rusak pan binurak-burak | dèn uprak-uprak sagone | padha dèn uwus-uwus | pan sawulan dènnya nênggani | dhasar watak wong Sampang | lonyot lacut-lacut | ing mangke antuk pangaja | nguyuh ngadêg mundhak anguyuh pênglari | langkung angingkrang-ingkrang ||

131. Lêlampahanipun Kangjêng Sultan nalika taksih timur

46. kunêng lagya kang angosak-asik | anèng Matesih bala Madura | wau kang lajêng lampahe | ngandikan praptanipun | sarêng lampah gênti winarni | kerid Prawiradirja | ing byantaranipun | jêng sultan gupuh ngandika | anak ingsun karo pinarêng basuki | têmu manèh lan bapa ||

47. biyungira padha akêkirim | bêbêd anêlu marang ing sira | têlu biyungmu kang gêdhe | Bok Ratu Kancanèku | lan Bok Êlor Bok Kulon sami | kalawan usap tangan | kirime nênêlu | mantune kang kari wisma | kiniriman iya kêkêmbên ngêngalih | kalih tapihe samya ||

48. radèn kalih matur awotsari | langkung inggih panuwun kawula | jêng ibu dhawuhkên sihe |

--- 15 ---

kula inggih milungguh | ing paduka amanggih jurit | duk pisah tigang dina | nuntên prang aribut | jêng sultan gumujêng suka | ya mulane mungsuh wani anadhahi | dene pisah lan sira ||

49. katujune babo anak mami | iya ana pitulunging Suksma | mungsuh rusak ing undure | kang mati limang atus | batur têlung puluh mung mati | aprang sasat kiyamat | suh ariwat-riwut | mêngko Si Mangkunagara | têtêp rusak bature mung kari kêdhik | angungsi roning kamal ||

193. Sinom

1. amung anêdya umpêtan | nora nêdya magut jurit | sira iki putraningwang | upama jêjêbad pêksi | iya laku nênitik | yèn nora mêngkono kulup | môngsa antuka warta | nanging aja angilani | dumèh uwis apês tinilar ing bala ||

2. nora kêna ginagampang | yèn pinagut padha kêdhik | adate sok ambêbaya | misih ambôndakalani | duk marang Dêmak nguni | salêksa jarananipun | sawuse prang Pasima | ature batur kang nêlik | jaran têlung atus malah rêbut kurang ||

3. radèn kalih matur nêmbah | mêning iya kula kadi | Mangkunagara kacandhak | abdi dalêm Madurèki | mangkya sampun nitèni | botên wontên walatipun | pisah lawan paduka | aprang sasat kucing gêring | aturipun Paman Dêmang Prajayuda ||

4. dhatêng ing rayi paduka | inggih panêmbahan nguni | duk tuwan mundhut karyanya | nganciki môncanagari | angatêrakên nguni | Bratawirya antukipun | praptèng

--- 16 ---

môncanagara | duk ajêng-ajêngan nguni | Pangran Mangkunagara baris Mamênang ||

5. sampun prapta tigang wulan | tan wontên gêring satunggil | adat inggih yèn lurugan | dhatêng ing Pajang Matawis | prapta satêngah sasi | nuntên sakit ting gêruruh | yèn jangkêp kalih wulan | gêring esuk sore mati | gêring sore esuk kalajêng palastra ||

6. rayi dalêm panêmbahan | makatên dènnya mastani | pan dudu Mangkunagara | iku ingkang milalati | Kakang Mas Mangkubumi | jêr iku anaking ratu | lawan kala neneman | wus ana lakune ugi | anjêrimêt saba guwa gunung alas ||

7. akèh gurune wong tapa | mari-mari saba wukir | wus ngangkat nama pangeran | iya maksih anglakoni | ngarêpe pondhok mami | pan ing kali Pepe iku | awiwit bakda ngisa | iya ngèli saking nginggil | bang-bang wetan iya mêntas ing Sampangan ||

8. bature kèh kasamaran | kang padha mring kali wêngi | sok dipun nyana bêbathang | ping pindho têlu mênangi | Si Uwa Kartapati | kang wus mênangi ping têlu | matur ring swargi rama | yèn ana putra sok ngèli | sabên bang-bang wetan mêntas Kasampangan ||

9. nulya rama angandika | maring ibu anuturi | anggèr wontên rayi dika | Pangeran Amangkubumi | sok ngèli sabên wêngi | kang Kartapati kapranggul | pan iya nora samar | nyata Pangran Mangkubumi | tanpa rewang ulihe apalarasan ||

10. nuli ibu pêparentah | rama

--- 17 ---

ingsun kang tinuding | angadhang ing bang-bang wetan | ingsun nuli angadhêpi | iya kapasang yogi | maksih bathang saking luhur | duk ngarêpakên mêntas | anuli ingsun adhangi | gih sampeyan ngandikan ibu paduka ||

11. lan pun Paman Cakraningrat | paduka dipun aturi | ambêkus marang ing ingwang | paman angrungu saking di | lan bok ayu miyarsi | iya sapa kang umatur | ingsun matur sawêkca | gih pun Uwa Kartapati | pan mêningi êntas tuwan kaping tiga ||

12. jêr pun uwa inggih salat | subuh milane mêningi | mèh arêp wangkot-wangkota | sun pêksa nuli nuruti | tanpa rewang pribadi | prapta maksiha kalêbus | prapta ngarsane rama | lan ibu wus padha linggih | dhasar ngadhang anganti ing praptaningwang ||

13. ibu anjêlèh karuna | cinandhak astane aglis | adhuh nyawa ariningwang | mêngkono solahirèki | apa sêdyanirèki | kaliwat-liwat sirèku | jêr misih duwe kadang | tuwa tur madêg narpati | kadang wadon laki Dipati Madura ||

14. kapengin sandhangan apa | aranana bae gusti | apan ingsun iki kêlar | nyandhangi sajêgmu urip | aja kapati-pati | amatèni mring ragamu | sarwi mèsêm saurnya | dhuh bak ayu kadipundi | bocah angon wong kapengin sêsandhangan ||

15. kadar wong urip punika | sayêkti kudu kapengin | punjul samaning tumitah | pan inggih ing nungsa Jawi | warti ing nguni-uni | tan nganggur sapuluh taun |

--- 18 ---

nuntên wontên papêrang | milane kula prihatin | sok si sampun anêdya dadi karaman ||

16. dadosa kondhanging raja | nanggulangi ing ajurit | kadang kawula akathah | nanging kawula watawis | sami botên mangarti | bok ayu ujar puniku | rama kalangkung suka | angênciki anganthuki | sakit suka kakang mas matur dêladah ||

17. nuju remane kakang mas | maring ibu dèn surèni | rema bontit kêtêl atap | sarya ibu ngandikaris | solahmu anèng kali | apa tan kabêntus watu | ature têka enak | môngsa wandea jêr kali | kathah watu pan inggih sampun jinarag ||

18. nuli rama angandika | ature asêmu ririh | nanging ta aku miyarsa | jêr ipe rada kadugi | kabèh putrèng narpati | ambapa sabênêripun | akèh ipene rama | mung Pangeran Mangkubumi | akèh iya kang para-para pangeran ||

19. yèn prapta kudu pinapag | mung Kakang Mas Mangkubumi | yèn prapta tan ana wikan | rama langkung sukanèki | têgêse awêwadi | dene rama basanipun | nora pati ngupama | wus kadya anak sayêkti | aturipun wau marang kakang êmas ||

20. gèr kula krungu wirayat | ing benjing nagari Jawi | ilang ajining manusa | kang padha duwe nêgari | para pangeran benjing | lir suruh marambat têbu | kuwure tanah Jawa | nanging ta yèn ana ugi | trah Mataram yèn ana kang mati raga ||

21. gih puniku ingkang bisa | anambak [ana...]

--- 19 ---

[...mbak] kuwuring Jawi | sirah-sirah ting kalarah | kadi sarah anèng siti | tuwin ajining pati | tanah Jawa mung nêm suku | buh ajining manusa | nora nana kang dèn ungsi | nuli wontên satriya amangun yuda ||

22. atunggul kulhu lamtara | abandera lamyakunil | alêlayu palak binas | tan lyan darahing Matawis | awit papa tan sipi | amung apaitan umur | nanging pitulunging Hyang | takat bisa anglakoni | muncul malih kêkêtêge tanah Jawa ||

23. mulane anggèr utama | wong anêdya mati ragi | sabotên-botênanea | sayêkti panggih sakêdhik | wong potang ing Hyang Widi | yèn ta sabar thukulipun | lah mêngko nora nana | iya taliti Matawis | ingkang mantêp wani lara wani pêjah ||

24. amung jêng kakang mas sultan | ing wirayat dèn antêpi | sayêkti sugih wilalat | mila prajurit ngong nguni | duk baris anèng piji | parapatan ingkang mantuk | arang kang mati aprang | mati binadhog panastis | mêngko aprang lan Pangran Mangkunagara ||

25. wong Madura wutuh ayam | tan ana kang mati agring | ya Si Dêmang Prajayuda | sun pitungkas kinèn eling | yèn Kangmas Mangkubumi | akèh wirayat karungu | sultan dènnya ngandika | nadyan mangkono nak mami | lamun nora tuwajuh anging tyas tiwas ||

26. pakarêmaning manusa | kang anuntun marang sisip | kasaru caraka prapta | saking Istimolor nênggih | surate tur udani | lamun panggenane [panggena...]

--- 20 ---

[...ne] mungsuh | wontên tanah Sêmbuyan | ing Turus kang dipun gèni | amung kantun kêkapalan tiga bêlah ||

27. tri atus kang sèkêt kesah | dinuta nêlukkên bumi | ngilèn Ponjong Pangungangan | mila tiga bêlah kari | Molor gya dèn timbali | anèng Samin barisipun | Dipati Mangkupraja | sapraptaning Ngutêr sami | pirêmbagan ngreka pamukuling mêngsah ||

28. kangjêng sultan angandika | iki Molor karêp mami | anaa kang tunggu brokan | anaa ingkang angungsir | lamun barêngan ugi | tanpa wêkas lakunipun | yèn anggung mangkonoa | kang makolih salah siji | tunggu brokan salah siji angungsira ||

29. pan ingsun dhangi kewala | yèn ingsun ingkang angungsir | sira kang tunggua brokan | Istimolor matur aris | kula ingkang angungsir | paduka ingkang atunggu | brokan ing karsa tuwan | kang prayogi gèning baris | kang pakantuk môngsa borong padukendra ||

30. sultan malih angandika | iya sun gusahe dhingin | yèn maksih nèng kono iya | iya antenana dhingin | wau kang pra dipati | kang munggèng ngarsa sang prabu | miwah sagung satriya | wus aglar ngarsa narpati | kangjêng sultan sigra dènnya pêparentah ||

31. Yayi Mas Natakusuma | siyagaa ingsun tuding | lan Ari Mas Pakuningrat | gawaa punggawa katri | dene lakunirèki | jujuga Masaranipun | nuli sira ngidula | ing Manyaran munggah ngardi | pan ing kono yayi mas pacak barisa ||

32. kulup Arya Natabaya | iya

--- 21 ---

sira kang sun tuding | lan Rôngga Prawiradirja | gawaa kapat bupati | gitikên mungsuh iki | kang ana ing Gunungkidul | sadayatur sandika | sigra ambêndhe prasami | pra dipati kang sami tinuduh karya ||

33. sami prapta barisira | jêng sultan angandikaris | putraningsun karo pisan | Kartayuda Kartasari | ingsun amundhut mangkin | wong Sampang desa nêm atus | kang saparo milua | marang Si Natabaya glis | kang saparo ing Yayi Natakusuma ||

34. radèn kalih matur nêmbah | sandika nolih ing wuri | parentah umagut ing prang | Madura nêm atus prapti | tindhih mantri kêkalih | binagean nigang atus | Dungkur wus dhinawuhan | nyadasa dragundêrnèki | sarêng budhal saking ngarsanira sultan ||

35. Istimolor Mangkupraja | wus kalilan nuwun pamit | mundur saking ngarsa sultan | praptanira anèng Samin | undhanga ngati-ati | manawa tinundhung mungsuh | mungsuh arsa ginusah | jêng sultan utusan gitik | marang Wukirkidul samya pêpucungan ||

194. PocungTeks asli: Pucung.

1. ya ta wau sultan mangsuli pamuwus | radèn kalih pisan | ya kulup bapakirèki | maksih eling pratingkah ingsun duk kuna ||

2. ingsun iki pan wus lawas laliningsun | bapakmu adhi mas | dèn angên-angên pinikir | sapolahe lan ingsun padha nonoman ||

3. duk puniku jêng sultan anggung mêmangun | gêlaring ayuda | dènnya kanthi Madurèki | gèning dhadha kang kinarya prit anêba ||

4. wadyanipun kang dharat kinèn angumpul | kalawan [ka...]

--- 22 ---

[...lawan] Madura | Madura kang para mantri | sami dipun ajar prang luhur ing yuda ||

5. sabên pukul satêngah papat akumpul | munggèng ara-ara | sultan kang ngajar pribadi | sabên sore mung Saptu lawan Jumuwah ||

6. kèndêlipun yèn enjing kèndêl ing bêdhug | samya têtayungan | sagung prajurit jro sami | kaparake winangun tayunganira ||

7. radèn panji kêkalih kang samya muruk | dadya sabên dina | kêbo têlu sabên enjing | pinaragat lawan nênêm wêdhusira ||

8. pitikipun sabên dina satus-satus | lan Walônda dharat | sinalinan gêlarnèki | amor lawan prajurit jro lan Madura ||

9. sabêtipun pangawat maksih kudèku | anggung adhadharan | sadina-dina sang aji | lan prajurit Madura Wlônda lan Jawa ||

10. kang puniku barise bêlabur sêkul | asarah sujenan | sapitan age lan takir | gule pindhang kadi bênaning hèrnawa ||

11. pan karupuk ngambak apindho pêpunthuk | tuwuk sabarisan | wus amor gêlare nungkil | kunêng ingkang angrakit dadèkkên gêlar ||

132. Prajurit Mangkunagara nempuh nagari Ngayogyakarta

12. kang kawuwus punggawa ingkang ingutus | amukula mêngsah | wus praptèng Sêmbuyan wukir | Pangran Natabaya lan Prawiradirja ||

13. kancanipun sakawan lan prabu mênggung | Kumpêni sadasa |

--- 23 ---

tigang atus Madurèki | senapati Pangran Arya Natabaya ||

14. ya ta wau Rôngga Prawiradirjèku | rêmbag anukupa | rintên pasthi tan manggihi | anuruti Pangran Arya Natabaya ||

15. têlikipun Pangran Mangkunagarèku | sampun amiyarsa | yèn badhe tinutup aglis | dalu-dalu budhal atilar Sêmbuyan ||

16. têngah dalu mangilèn ing bidhalipun | ya ta kang winarna | ing Garogol wontên baris | Pangran Timur ing nguni pêpatihira ||

17. kang jêjuluk Jaya Sudirga Tumênggung | kagyat kathetheran | wêdale dipun tadhahi | wus rinampog Jayasudirga palastra ||

18. kang anutup prapta byar kapanggih suwung | mung kèndêl sakêdhap | anjujul arsa nututi | mring lampahe Pangeran Mangkunagara ||

19. munggèng ngayun Pangeran Natabayèku | lan Prawiradirja | Singaranu Kartanadi | pra dipati sadaya tumut nèng ngarsa ||

20. lan dragundêr sadaya tumut nèng ngayun | Madura pitulas | ingkang anitih turanggi | lampahira praptèng sawetan Manyaran ||

21. Pangran Mangkunagara kang ngalor wau | praptaning Manyaran | kagyat katanggor ing baris | barisipun Pangeran Natakusuma ||

22. nikêl wangsul mangetan arsa kapranggul | dadya ngidul mapan | anuli ngilèn sakêdhik | lajêng ngalor mêdhun sawetan Manyaran ||

23. ngetan laju ingungsir sapurugipun | Pangran Natabaya | miwah kang samya abaris | Kamanyaran [Kamanyar...]

--- 24 ---

[...an] Pangeran Natakusuma ||

24. bubaripun anginthil sanggèning mungsuh | sabêdhug ping tiga | dènnya mèh kelangan ari | wanci bêdhug anulya kacandhak udan ||

25. kang bêbujung sami kèndêl dhusun-dhusun | lajêng lampahira | Pangran Mangkunagarèki | wanci surup prapta tanah Ônggabayan ||

26. ênjingipun Pangran Mangkunagarèku | lajêng ngidul ngetan | praptèng Tanjungsari malih | kang bêbujung prapta Ngaribaya ika ||

27. sampun katur wau kèndêle kang mungsuh | wangsul Ônggabayan | wangsul Tanjungsari malih | kangjêng sultan wau kalane miyarsa ||

28. lajêng ngutus inggih matêdhani wêruh | lawan pêparentah | Mayor Istimolor nuli | angungsira marang ing sagoning mêngsah ||

29. lajêng nambur lan dipati mangkya sampun | atêngara budhal | saking barisan ing Samin | bêdhol kabèh wau baris Surakarta ||

30. ya ta wau wong Madura kang tinuduh | mring Matesih prapta | ngaturkên boyongan èstri | awon pênêd gêdhe cilik karo bêlah ||

31. sami untung wong Madura kang tinuduh | langkung dènnya kathah | dènira anjajarahi | ambarêngkut kang sami bêkta barana ||

32. ya ta wau Istimolor lampahipun | praptèng Ônggabayan | wana gêng dèn osak-asik | kagegeran Pangeran Mangkunagara ||

33. sigra wau Kudanawarsa tinuduh | amapag sakêdhap | anglebati dènira mrih | akaryaa rungak ririha kang lampah ||

--- 25 ---

34. apanuju Kumpêni pangarsanipun | prajurit jro samya | kang sami nitih turanggi | munggèng ngarsa abdi dalêm kawan dasa ||

35. duk andulu balane Danawarsèku | kapal tigang dasa | prajurit sami nyamêthi | turanggane sami amalêtêr mêngsah ||

36. dadya rusuh dragundêr samya anusul | tuwin pra dipatya | Pangran Mangkunagarèki | kagegeran kalahe Kudanawarsa ||

37. gugup-gugup budhal dalu wanci surup | angetan ngalor pan | kèndêl tanah ing Matesih | têngah dalu sarêng byar rahina bubar ||

38. lampahipun mangalèr marang ing Kuwu | Molor Mangkupraja | pratela aturing têlik | dyan sinusup budhal saking Ônggabayan ||

39. kang jinujul wus praptèng Kuwu Balêdhug | kang anjujul prapta | ngancik tanah Sukawati | wau Pangran Mangkunagara wus panggya ||

40. Radèn Guntur kang wus dadya mantunipun | maksih sugih bala | gangsal atus kang turanggi | asrêp tyase Pangeran Mangkunagara ||

41. dadya kumpul kêkapalan wolung atus | gitik Garobogan | nora bêdhah sêlak prapti | kang bêbujung Istimolor Mangkupraja ||

42. kuwur-kuwur palayune ngawur-awur | nasak-nasak wana | menggok mangetan sêdyèki | maring Jipang dènira ngungsi asmara ||

195. Asmaradana

1. marang Jipang dèrèng kongsi | kasêlak kabujung prapta | cinêgatan ing lampahe | nabrang kering kênthêng sigra | kapêthuk wong Madura | kalih èwu kang ambantu | pangirid [pa...]

--- 26 ---

[...ngirid] Rêksanagara ||

2. lan satus Kumpêni putih | Pangeran Mangkunagara | wus pisah lawan mantune | Pangeran Anom punika | wangsul ngilèn lampahnya | ngidul jog Kuwu Balêdhug | tilar bupati satunggal ||

3. kuda pitung dasa nênggih | sinaosakên kang rama | têgêse puniku kinèn | anuntun anêdah marga | nêdya ngubêngi wana | Ki Tumênggung Gandhuwaur | lampahe sok nilap-nilap ||

4. beda lawan wong nagari | Gandhuwaur wong alasan | panunggange kuda seje | miwah pangambahing marga | kang nurut nora bisa | sami susah manahipun | bala Amangkunagaran ||

5. kalangkung amuring-muring | Pangeran Mangkunagara | dene kaliwat jêrihe | mungsuhe taksih atêbah | lumayu nunjang-nunjang | Si Tumênggung Gandhuwaur | lampahe têka angidang ||

6. arsa nora dèn tut wuri | angur aja têtunggalan | Si Gandhuwaur polahe | nora patut tinuruta | iya wong kêna tulah | palayune sipat alu | nora patut lan manungsa ||

7. wus kinèn anyimpang aglis | pangeran nurut jêjurang | anging arêsik margine | anurut margi maesa | panikêle mangetan | mungsuh ngilèn lampahipun | dadya wau paliringan ||

8. mêntas saking jurang sami | Pangeran Mangkunagara | kèndênkèndêl. ngêntosi rencange | mêngsah kang kantun akathah | wau sawusnya têlas | bature mungsuh anjêdhul | Pangeran Mangkunagara ||

--- 27 ---

9. wana kiwa dèn ênggoni | Pangeran Mangkunagara | pojok gunung nèng lêlêgok | dhusun alit tan katara | pinggir kali kalingan | pêpunthuk kulon lan kidul | eca ngayêm-ayêm badan ||

10. kunêng wau kang winarni | kangjêng sultan sampun budhal | saking Ngutêr sabalane | minggah dhatêng ing Sêmbuyan | lampah kadya angarak | wong desa kathah dêdulu | ing langkungira jêng sultan ||

11. sapraptanira ing wukir | pasanggrahan dhusun Bêngkak | rinakit kutha kêkojor | wong Madura tan atêbah | lan Pasanggrahan Bêngkak | dinadosakên sadhusun | wismanya gêng-agêng sirap ||

12. arakit kanan lan kering | ing wuri miwah ing ngarsa | tuwin badhe lun-alune | miwah papan pasêseban | langkung sami prayoga | lampahing pangagêng sampun | anênitik pasimpênan ||

13. rontaka mariyêm sami | kapanggih sampun linambang | jêng sultan langkung sukane | Madura suka sakeca | tan ana kêna lara | owah tan kadi rumuhun | baris Piji baris Pokak ||

14. akathah kang mati gêring | mangkya prasamya waluya | mila wong Madura kabèh | kalangkung sami sukanya | arang prang krêp angrayah | akathah boyonganipun | sami antuk brana kathah ||

15. dèn ugung kapati-pati | pinutra rinaja muka | ing prang môngka manggalane | pinitayan ing alaga | prajurit putra Sampang | sèwu satus pitung puluh | papasthi dadya pêpêjah ||

16. rinayat ing siyang ratri |

--- 28 ---

sabusana sinabêkan | jêng sultan langkung sagêde | ngruntuhkên tyas amrih kondhang | lair batine kêna | mangkya ta ingkang winuwus | Pangeran Mangkunagara ||

17. wadyane atur upêksi | yèn mêngsah badhe anggêcak | ngriki kinêpung badhene | têlike matur waspada | ing panggenan punika | dèrèng kèndêl kang umatur | kasaru gègèr ing jaba ||

18. wontên mêngsah ingkang prapti | wontên kuda pitung dasa | prasami binang waose | rasukan kang sikêp binang | kotang sangkêlat abang | sampun minggah ing gêgunung | kang wontên lêdhok busêkan ||

19. binêdhilan saking nginggil | sakalangkung kuwurira | sira Mayor Istimolor | mirsa swaraning sanjata | têtanya maring Kulman | saure wong patang puluh | kang turôngga sami mangsah ||

20. mayor sira nora mênging | Kulman saurira sugal | dene dika inggih dèrèng | darbe parentah ing kula | inggih yèn wus kawaca | ngrèh prajurit patang puluh | mratikêlakên ing aprang ||

21. Tumênggung Wiradigdèki | wruh sêmune dènnya wawan | mayor lawan kapitane | gih tuwan sampun kawula | puniki kang nusula | punapa parentahipun | abdi dalêm kawan dasa ||

22. kang sampun rame ajurit | punapa ingundurêna | manthuk Mayor Istimolor | gya Tumênggung Wiradigda | nitih kuda umangsah | lawan kuda patang puluh | wus samya nyandêr anyongklang ||

23. patang puluh kang ajurit | adangu ulêng-ulêngan | bêdhil-binêdhil dangune |

--- 29 ---

ing gêgunung lan lêlêbak | kang wantêr kawan dasa | akathah ingkang tumurun | nanging mungsuhira bubar ||

24. prasamya ngungsir nututi | kang prajurit kawan dasa | kasaru wau praptane | Ki Tumênggung Wiradigda | saking wuri praptanya | jêlèh sarwi nguwuh-uwuh | dèn enggal padha mandhêga ||

25. mayore asrêngên sami | iya arêp kêkêrêngan | ika lawan kapitane | kapindhone mungsuh ika | têlung atus turôngga | sirèku mung têlung puluh | têka wani ngungsir padha ||

26. binanggela sira iki | kawan dasa sami nyêntak | lurah bêbêkêl ambêkès | mayore mayor kêparat | lamun mungsuhe têbah | lampah sinusu ginugup | yèn mungsuh wus katon pêdhak ||

27. lakune amitambuhi | nora kêna kêbat-kêbat | ika mayor digêgojog | kancane nambungi sugal | sok nyêgah wong umangsah | botên wontên kapokipun | yèn tan wadhuke tinumbak ||

28. Tumênggung Wiradigdèki | wau kalane miyarsa | patang puluh pangucape | si cangkêm astapirollah | ngucap dewa bathara | binanjuta raganingsun | têka mênangi rontogan ||

29. ing môngsa kang nora bêcik | tumênggung amêgap-mêgap | Tumênggung Wiradigdane | gumyak lurah kawan dasa | bêbêkêl sami mara | punapaa ki tumênggung | sampeyan amêgap-mêgap ||

30. tumurun saking turanggi | Ki Tumênggung Wiradigda | kene anak putuningong | dèn tata alêlinggihan |

--- 30 ---

nuli atêtakona | iya mangkene basamu | hèh si bapa dhaplok gêrang ||

31. kula dika pituturi | lakune wong lêlurugan | aran si bapa wong dhaplok | misih ana ngalam donya | wajib sun kulak warta | ujar si bapa wong dhawuk | tur kang momong lakuningwang ||

32. nuli ingsun mituturi | mangkene pangucap ingwang | babo anak putu ingong | basa lakune wong aprang | pasthi anganggo môngsa | kêbat lan ririhing laku | mapan iku angon môngsa ||

33. sirèki padha kêkasih | tur prajurit sêsimpênan | abagus-bagus rupane | dudu wong suwang sajinah | papat sajampêl padha | aja na pating gêritu | mayore arêp ditumbak ||

34. mangkono arêpirèki | mayore ika kêparat | payo tinumbak wadhuke | angling sarwi têbah jaja | mangkono padunira | si bapa iki wong dhawuk | dhingin kèlèkna bangawan ||

35. aja kongsi amênangi | wadhuking mayor tinumbak | lurah bêbêkêl arame | gumuyu pating cukakak | kae mêngkene nyawa | iya senapati iku | aprasasat ratunira ||

36. kuwasaning ratu pasthi | kang ginadhuh senapatya | wong nglurug ana kalane | mungsuh yèn adoh pinêlak | yèn pêdhak ingomberan | giring bae têgêsipun | nora kuwajiban ing prang ||

37. kang kuwajiban ing jurit | kang sanggup nyirnakkên mêngsah | ing tanah Jawa ratane | sultan kang baris Sêmbuyan |

--- 31 ---

dhèwèk iki mung kapal | rèhning ta sultan puniku | wong tuwane ratunira ||

38. ala tinegakna ugi | wong aduwe wong atuwa | lah uwis ta padha anglèng | lah ta anak putuningwang | yèn cinêgah gone prang | lara atine kalangkung | nêpsune asalah tômpa ||

39. gumujêng sami nauri | kyai jêr mangke wong lanang | kadi nglêboni talèdhèk | tombokipun namung suwang | wus ngadêg dèn wurungna | prandene dèn tohi lampus | makatên lumrah wong lanang ||

40. kumroyok sami nauri | mulane kaku kang manah | mring mayor muring-muringe | kudu numbak kang anyêgah | gêrêng Ki Wiradigda | lah mring êndi mungsuh wau | gih kiyai ngidul ngetan ||

41. saksana sami dèn irid | mring Tumênggung Wiradigda | wus prapta ngarsane mayor | sami kinèn têtabean | Molor napsune ilang | mulat ing garudugipun | gêdhe cilik têtabean ||

42. sawusnya tata alinggih | mayor tanya solahing prang | wus tinutur sarakite | angsal bandhangan turôngga | tiga kuda wowotan | ingkang bêkta sangunipun | gugup prasamya tinilar ||

43. wontên lêdhok dhusun alit | kula prapta saking arga | aprang tumungkul mangisor | gègère ulêng-ulêngan | yèn wontêna uninga | inggih margine satuhu | mungsuh kathah kang kacandhak ||

44. prapta mantri juru têlik | ature mêngsah lajêngnya | nyabrang bangawan mêdale |

--- 32 ---

lajêng mangidul kewala | mring tanah Sukawatya | inggih taksih lajêng ngidul | mayor sigra atêngara ||

45. budhal sami anututi | sadintên dènnya lêlampah | kèndêl makuwon ing Murong | sadalu enjing abudhal | ngidul bênêr lampahnya | kèndêl tanah Karja Jamus | sadalu enjing budhalnya ||

46. Pangran Mangkunagarèki | lajêng ing pangidulira | prapta tanah ing Sagawe | lajêng marang Kanggabayan | nuntên Kudanawarsa | ingutus anyilib dalu | bêkta kuda tigang dasa ||

47. mandungi kang bêranèstri | kang wontên ardi Sêmbuyan | wukir kalangkung gawate | prapta dalu lampahira | nênggih Kudanawarsa | rêrepot kang wontên gunung | binêkta mudhun sadaya ||

48. margine malipir baris | rahayu tan kauningan | Kudanawarsa lampahe | wus prapta ing Kanggabayan | pangeran langkung suka | nora cicir maksih wutuh | pawèstri miwah bêrana ||

49. andangu kang dèn barisi | Burêng Karangjati Bêngkal | kèbêkan wadyabalane | prajurit atmajèng Sampang | tigang èwu sadaya | sèwu satus pitung puluh | andêl kang dinulang mangap ||

50. Radèn Panji Kartasari | Radèn Panji Kartayuda | panêmbahan pulunane | punika manggalaning prang | wantêr surèng antaka | ingkang sèwu kawan atus | sami Sampang kawuk desa ||

51. punika kang jêjêmbêri | pambajage Calawênthah | aruhara tanagane | mung satus Kumpêni pêthuk | dragundêr kêkapalan | jalan [jala...]

--- 33 ---

[...n] kaki kalih atus | kawan atus Kumpêni Slam ||

52. rama paduka pribadi | ingkang kula kèn nacahna | ingkang pasthi pêpênêde | wolung atus wolung dasa | kalêbêt kang kaparak | ingkang sèwu kalih atus | prajurit sêdhêng kewala ||

53. mung punika dèn ugêmi | prajurite kangjêng sultan | sadasa pra dipatine | pêpênêde molung dasa | parane ngalih bêlah | liya punika pukulun | ewon alêksan arahan ||

54. kangjêng sultan sabên enjing | gamêlan atêtayungan | sadaya pan prajurite | ing sontêne ajar-ajar | gêladhi ing ayuda | mung towong Jumuwah Saptu | praptane têlik pacalang ||

55. pakuwone sri marnani | barisan kadi nagara | cukup sarewa-rewane | alun-alun panangkilan | pêkên agêng ing ngarsa | kang miyarsa sami ngungun | sami anutuh sarira ||

56. luputing pratikêl sami | kang wus apês dadi rosa | kang wus rosa apês malèh | wit adigung ing wêwatak | aniwasakên lampah | mangkana pangeran wau | liwung bingung karsanira ||

57. sagunge repot parèstri | pinarnahkên pinarênca | sawusnya mêmirèkake | pangeran nulya budhalan | ing karsa tan karuwan | nanging kabatinanipun | nêrombol maring Mataram ||

58. nanging wadya sadayèki | tan wontên kang jinarwanan | angkate saking pakuwon | ngidul angilèn lampahnya | rêp anèng Pamêlaran | sadalu ing budhalipun |

--- 34 ---

enjinge budhal sarkara ||

196. Dhandhanggula

1. ngidul ngilèn maksih lampahnèki | tigang atus maksih wadya kuda | sampun tan wontên dharate | manah kadya anglalu | mung anutuh sariranèki | padha wus prapta taman | tyasira margiyuh | riris atrang arka memba | prapta dhusun ing taman dhusun Cêndhani | wontên dhandhang atusan ||

2. mencok ing galêng amarik-marik | kiwa têngên galêngan gènira | adawa nurut galênge | kinintên kawan atus | duk tinêrak gagak prasami | mibêr angalih ngarsa | malih pan katêmu | kadi wau solahira | nurut galêng rêrentengan marik-marik | mibêr gagak tinêrak ||

3. nuntên kapanggih ing ngarsa malih | sami graita ngênês tyasira | nênggih sagung prajurite | angilèn lajêngipun | surup prapta sawetan Taji | makuwon ing Jêmbangan | Kudanawarsèku | mondhok misah kilèn desa | pan sadalu prasamya amêrêm mêlik | enjing pangeran budhal ||

4. Danawarsa mêthukakên margi | kadi punapa karsa sampeyan | dhatêng ing pundi sêdyane | pangeran lingirarum | ingsun arsa marang Matawis | matur Kudanawarsa | kula turi wangsul | manah kula botên eca | duk ing marga ing dhandhang punika wingi | ngalamat botên eca ||

5. pangran bêkus pangandikanèki | nadyan matia wus ingsun têmah | ana ing dagan ulone | kabèh ajakên wangsul | yèn tan ana trêsna ing mami | karia wêwayangan | banjur dhèwèk [dhè...]

--- 35 ---

[...wèk] ingsun | Kudanawarsa karuna | têbah jaja sigra pangeran lumaris | wus prapta Parambanan ||

6. kang kapapag miwah kang kapering | tan ana nyana yèn iku mêngsah | angeca-eca lampahe | ing Pajarakan rawuh | wong kang ngampil kang anèng ngarsi | wontên wong jêjaranan | tiga sami nusul | lawan rêmbatan têtiga | dipun tumbak marang wong kang ngampil-ampil | rinêbut pêndhoke mas ||

7. sami giwar maring ing wanadri | nanging dèrèng mastani yèn mêngsah | narka pangran Dipatya Nèm | sapraptanirèng Jênu | rare angon maesa sami | pinêndhêt kang sadasa | binêkta nèng ngayun | mindha wong saking barisan | ngalihakên mring rayahan pan prayogi | tan ana narka mêngsah ||

8. prapta kitha Ngayogya nagari | Cakrakarti nèng loji samana | main kartu Walandine | Walônda saradhadhu | siji nuju munggah ing biting | angungak wetan ana | gêgaman kang rawuh | nuli mêdhun si Walônda | tutur-tutur mring gone wong amêmain | kartu kang tinuturan ||

9. kyai wontên gih gêgaman prapti | punapa rawuh gih kangjêng sultan | miwah pangran Dipatya Nèm | Ki Cakrakarti gugup | lan alpèrès wus sami mijil | minggah bètèng angungak | Cakrakarti nangguh | tuwan inggih kula kônca | botên wontên bandera kadi puniki | tuwan manawi mêngsah ||

10. twan alpèrès anauri bêngis | lah tandhane lamun batur ika | gawa kêbo jarahane | apa gawene mungsuh | kang

--- 36 ---

anggawa kêbo mariki | Cakrakarti angucap | wus gêlaring mungsuh | Mangkunagara culika | Walôndane wangkot narka batur sami | dene gawa maesa ||

11. wong pêpasar datan wontên osik | prapta wetan ngalun-alun sigra | amenggok ngidul lampahe | anjujug wismanipun | Jayaningrat lagya nujoni | tamuan Sindusastra | duk sami anguyup | wedang duk sacangkir sewang | prapta mungsuh nèng latar samya bêdhili | gugup Kyai Janingrat ||

12. mêtu kêbon palayunirèki | wong adharat binuru turôngga | menggak-menggok palayune | maring pomahan dhusun | Sindusastra palajêngnèki | rubêd sampun kacandhak | rinampog wus lampus | Ki Tumênggung Sindusastra | nulya gumyuh wong wadon pating jalêrit | wor swaraning sanjata ||

13. loji kidul Walandine kêdhik | mung wolulas ping kalih êdrèlan | lajêng tinilar lojine | ngungsi jroning kadhatun | kori gapit kidul kinunci | wadya Mangkunagaran | pangerane mudhun | balane mudhun sadaya | angrêrayah pangeran lumêbêt loji | kidul amanggih arak ||

14. tigang kupi binakta pribadi | jro kadhaton gègère puyêngan | wong gamêl wus nyaosake | turôngga mring kadhatun | para garwa kang sami kèri | samya ngrasuk busana | nitih kuda sampun | Kumpêni dharat wolulas | kang garêbêg para garwa marang loji | nèng Gêladhag kapapag ||

15. Kumpêni [Kumpê...]

--- 37 ---

[...ni] Slam têtulung mring wuri | Kapitan Kisêr sasradhadhunyasaradhadhunya. | satus rolas mung kathahe | nanging prajurit punjul | pun kapitan tolong siniwi | Pangran Mangkunagara | nèng pasowan kidul | Kapitan Kisêr duk prapta | kori kidul kang minêb binuka aglis | Kapitan Kisêr mêdal ||

16. mungsuh gugup wêruh dèn wêdali | sami mapan anitih turôngga | Kapitan Kisêr angawe | payo aja na mundur | lajêng campuh Kisêr nadhahi | drèl lajêng kang panumbak | binakta angamuk | mapag lan sanjatanira | rame campuh Kisêr pêngkuh anadhahi | Radèn Adikusuma ||

17. nulya kêni wêntise kang kering | mantri lêbêt matur ing pangeran | kang rayi sangêt kanine | sami ngaturi mundur | pangran sigra mundur nuruti | binujung binêdhilan | tan atêbih wangsul | pangeran lajêng lampahnya | sapraptaning lor kadipatèn anuli | lajêng menggok mangetan ||

18. loji agêng anguluk-uluki | sungsun-sungsun mariyêm tinundha | pating jalêgur swarane | lampahira andarung | Parambanan pangalornèki | nêdyanjog Wanakarta | Majênang dinunung | Majênang badhe mangetan | wadyèng Surakarta kang baris nèng Samin | samya miyarsa warta ||

19. miwah sultan sampun dèn aturi | uninga mring kang têngga nagara | lamun mêngsah panrombole | jujug pasowan kidul | Sindusastra nadhahi jurit | tiwas pêjah ing ajang | ingkang dèrèng untung | pun Dipati Jayaningrat | binabujung [bina...]

--- 38 ---

[...bujung] dèn pistuli dèn tumbaki | dèrèng prapta ing ajal ||

20. duk miyarsa wau sri bupati | langkung duka sigra pêparentah | ngorak-arik wukir kabèh | Mayor Molor sigra wus | tur uninga budhalirèki | saking barisanira | dènyarsa anjujul | abdi dalêm kawan dasa | kang agilir mring mayor dipun ampiri | mêdal ing Surakarta ||

21. ngilèn anjog ing Wanakartèki | pangeran nuju nèng pagabahan | lèring Bangak lèring lèpèn | jêpit ing praptanipun | baris Surakarta angungsir | kèndêl anèng Majênang | sarêng byar jinujul | dèrèng têbih budhalira | dèn kêkodhol repot ing lampahirèki | pangran untap-untapan ||

22. ngalor angetan dipun kêkinthil | sami sayah balane pangeran | solahe pating kulawèr | nabrang bangawan jawuh | sawêg mêntas kang bujung prapti | tinututan sanjata | rikat lampahipun | prajurit jro kawan dasa | sami angsal ngupaya sabrangan nginggil | cèthèk pan sami nabrang ||

23. mayor kagèt sapa nabrang iki | têka bisa ngupaya dêdalan | mèh kasrêngên pangarsane | banjur anunjang mungsuh | kira-kira kadi kang dhingin | punika wusnya nabrang | gya banderanipun | ingugêr inggil palasa | ing ngandhape rinubung dipun jagongi | mayor gumujêng mulat ||

24. angling Bapa Mangkupraja iki | ampat puluh itu liyat jugak | lêbih bêtul pakêrjane |

--- 39 ---

boleh nabrang dhahulu | tradhak lantas blakang mênanti | itu ponang bandera | dikêt sama puhun | jikalu mungsuhnya dhatang | sampè mati sakira trak mau lari | sami gumujêng latah ||

25. sampun nabrang sagung ingkang baris | nurut margi ing nginggil sadaya | cèthèk rata sabrangane | wusnya mêntas wadyagung | lajêng budhal sagunging baris | pangeran kèndêlira | tanah Karja Jamus | enjinge jinujul samya | pangran lajêng sampun anjog ing Matesih | lajêng ngidul kewala ||

26. sampun anjog Ônggabayan malih | Tanjungsari panggenane lama | bola-bali panggubêde | ngubêngi ping sapuluh | ing nagari Surakartèki | kadya ambêrêg sangsam | tinut binabujung | baya sampun takdiring Hyang | nora cidra kukumolah anêtêpi | wilalating wong tuwa ||

27. sangêt dènira katoring-toring | salusupan anèng jurang-jurang | binujung binutuhake | mangkana kang winuwus | Pangran Mangkunagara nênggih | ngalih panggenanira | saking Tanjungsantun | angidul tanah Kaduwang | pinggir lèpèning wolak-walikan kali | sawetaning Katimang ||

28. Pinitanggung dhusun kang dèn goni | baris Surakarta nèng Kajoran | sakidul Kayuapake | lèr wetan saminipun | kangjêng sultan sigra nimbali | Molor maring Sêmbuyan | lan Mangkuprajèku | praptanira dhinawuhan | iki Molor lan sira Mangkuprajèki | bêcik padha lèrèna ||

29. kang binujung pan sayah kapati | ingkang bujung

--- 40 ---

iya padha uga | wong cilik bangêt sayahe | lan ora kobêr iku | asêsawah kabèh wong tani | mayor langkung prayoga | parentah puniku | kula sakalangkung rêmbag | karsa dalêm dene yèn mungsuhe mosik | anêlukakên desa ||

30. nêdya ngêlar jajahanirèki | kula yêkti anuwun parentah | yèn kèndêl kinèndêlake | mupakat karsanipun | Mayor Molor wus pamit mulih | Dipati Mangkupraja | mring barisanipun | Kajoran sakidulira | Kayuapak sapunika pra bupati | ngiras saking barisan ||

31. sami karya pomahanirèki | sakobêre wus sami akarya | angeca-eca barise | wau ta sang aprabu | Surakarta lawan kang rayi | nênggih Ratu Kancana | utusan anuwun | ingkang putra pêpulunan | Panji Kartayuda Panji Kartasari | surat praptèng Sêmbuyan ||

133. Panji Kartayuda tuwin Panji Kartasari dipun timbali dhatêng Surakarta

32. katur lamun Panji Kartasari | lan arine arsa pêpanggiha | yèn paman ana lilane | tan lami tigang dalu | sultan sigra dènnya nimbali | panji kalih wus prapta | sultan ngandika rum | kulup sira tinimbalan | ibunira Ratu Mas Surakartèki | arsa panggih lan sira ||

33. sira nuli mangkata

--- 41 ---

tumuli | anggawaa baturira usar | iya patang puluh bae | sawidak numbakipun | aja ana kang dharat siji | sultan sigra parentah | dènira amundhut | mring Rôngga Prawiradirja | mundhut kuda satus rong puluh saiki | tundhan mring Surakarta ||

34. wong prang kasap dharat Madurèki | kang binêkta marang Surakarta | turôngga wus rumat kabèh | rahadèn kalih sampun | pinaringan nyampinge sami | golang-galing jo samya | lan paningsêtipun | sami kanigara abang | rinenda mas miwah udhêngipun sami | kalih talaga muncar ||

35. lancingane kalih panji-panji | baludru wungu samya pasmèn mas | kang binêktakkên mantrine | Mangkujaya Madiun | lan binêkta kaliwon kalih | kaliwon gêdhong samya | bêkta gangsanipun | sarunèn salomprèt ngarsa | budhalira dadya tontonan samargi | kadya pangantèn ngarak ||

36. kèndêl dalu Paserenan sami | dalu-dalu dènira putusan | wong desa ingkang kinèngkèn | atur uningèng oprup | lamun Mayor Dirnadir prapti | prajurit ing Madura | sigra tuwan oprup | amanggil Puspanagara | Ki Tumênggung Puspanagara gya prapti | angling Johan Abraham ||

37. bapak iki kapala prajurit | Mayor Dirnadir Madura prapta | pan iku prajurit gêdhe | ingkang sami pinundhut | ing karyane amangun jurit | Sultan Giyantipura | iku praptanipun | pinanggil kangjêng susunan | lawan Ratu Kancana [Kanca...]

--- 42 ---

[...na] ingkang amanggil | bêcik padha pinapag ||

38. Si Sareyan Salpe kang tinuding | sun gawani dragundêr patbêlas | tumênggung alon saure | kaliwon kang sun tuduh | Ardiguna matang yudèki | wong gêdhong karo pisan | lan samantrinipun | wontêna Baki kewala | angruktia sugata oprup nganthuki | sigra sarêng budhalan ||

39. lampahira wus prapta ing Baki | ngrukti sugata pan sampun aglar | wuwusên wau lampahe | enjing ing budhalipun | saking Paserenan lumaris | salomprèt anèng ngarsa | saruni ing pungkur | prapta Baki kèndêl samya | têtabean Sarean Salpe wus linggih | lajêng pra sasamya nadhah ||Lebih satu suku kata: lajêng prasamya nadhah.

40. budhalira tan kawarnèng margi | prapta nagara dadya tontonan | kadya wong ngarak lampahe | turôngga ngarsa pungkur | wong Madiun kang anèng wuri | kawan atus turôngga | payung têlung puluh | wêwolu banderanira | ingkang ngarsa prajurit gêdhongirèki | Sultan Giyantipura ||

41. satus ngarsa bandera sasupit | saragni cênthung cêmêng sadaya | salaka karawisthane | tinon pating palancur | kotang cêmêng rasukanèki | lancingan sangkêlat bang | panumbak pinuncu | sadaya tinumpêr ingas | kang sumambung banderanira sasupit | prajurit arasukan ||

42. sangkêlat ijo sikêpan sami | sangkêlat abang lancinganira | pan baludru cêmêng kabèh | sami talakupipun | têtindhihe sakawan mantri | nulya kang munggèng [mung...]

--- 43 ---

[...gèng] têngah | usar wolung puluh | sami abdining prawira | pêpênêde prajurit ing Madurèki | asikêp waos benang ||

43. galaganjur angrantêg samargi | lampahing prajurit têtayungan | ing wuri radèn kalihe | sêsirig kudanipun | sami dhangah asongsong putih | kang anèm munggèng ngarsa | ingayap wadyagung | Radèn Panji Kartayuda | kadya Sômba kang raka kadya Satyaki | Kartasari nèng wuntat ||

197. Pangkur

1. karya rêksa jro nagara | kang kadulu praptane radèn kalih | gêbèl atembak ingurung | jalwèstri anom tuwa | agung alit kang miyarsa galaganjur | salomprèt kang munggèng ngarsa | ing wuri kêndhang saruni ||

2. praptèng loji manggih kurmat | wong Madura têtêp ingkang sayêkti | prajurit Kumpêni tuhu | gêgêdhuging prawira | tanah Jawa ingkang kawilang misuwur | môngka adining prawira | Suranggakara winurti ||

3. wus têdhak saking turôngga | oprup sigra mêthuk kang wau prapti | tabean rangkul-rinangkul | sawusnya tata lênggah | nulya wontên dutanira sang aprabu | Tumênggung Puspanagara | angenggalakên kang prapti ||

4. Oprup Yan Hèndrik Abraham | ngacarani suwawi manjing puri | ngenggalakên sang aprabu | sigra sarêng lumampah | masang rapak acucul rasukanipun | sagung prajurit pinrênah | makuwon sakidul loji ||

5. wau ta ingkang ngandikan | oprup ngatêr praptane ing sitinggil | Panji Kartayuda matur |

--- 44 ---

uwak Puspanagara | dika andhêk sakêdhap oprup puniku | kula kalawan kakang mas | angowahi udhêng sami ||

6. bature wus dhodhok samya | mandhi kaca oprup gumujêng sami | myang Ki Puspanagarèku | sawusira anulya | sami lajêng sapraptanira kadhatun | lajêng samya ingandikan | praptèng byantaraniraji ||

7. sang nata mijil mandhapa | miwah Ratu Kancana tumut mijil | wus alênggah lawan oprup | radèn kalih umangsah | ngaras pada nata mangusapi lêbu | gantya ing Ratu Kancana | radèn kalih angabêkti ||

8. sawusnya tata alênggah | binagèkkên wau rahadèn kalih | sang nata lan kangjêng ratu | salamêt ingkang lampah | matur nuwun miwah saprajuritipun | sang natalon angandika | jêng paman padha basuki ||

9. radèn kalih matur nêmbah | taklimipun konjuka padukaji | tuwin mring kang putra ratu | sami dhêku kalihnya | sri narendra mèsêm pangandikanipun | sabêne baturmu Sampang | lamun ngalurug mariki ||

10. lagi sawulan kewala | nuli paron kang padha mati gêring | radèn kalih nêmbah matur | inggih kang sampun adat | nanging inggih ing nguni kala amungsuh | dhatêng rama jêngandika | Sultan Giyantipurèki ||

11. gêring enjing sontên pêjah | gêring sontên enjinge angêmasi | parapatan ingkang mantuk | abdi dalêm Madura | èstu lamun kang darbe walat pukulun | rama paduka jêng sultan | pratandhanipun samangkin ||

--- 45 ---

12. inggih sampun dados rencang | sami rukun mêngsah kantun satunggil | pun Dêmang Brajayudèku | nguni ajêng-ajêngan | kala ngantukakên pun Bratawiryèku | dhatêng ing môncanagara | lami jêng-ajêngan jurit ||

13. tan wontên gêring satunggal | gangsal wulan wontên môncanagari | tan wontên pagêringipun | sunya Mangkunagara | têtêp lamun kang walat sayêktinipun | jêng rama paduka sultan | sêtya tuhu ratu mukmin ||

14. saèstu Mangkunagara | dèrèng darbe wilalat anggêringi | milane kawula purun | dhatêng Mangkunagara | taksih wajar dede wahyu kang satuhu | yèn rama paduka sultan | pan sampun makrunah mukmin ||

15. kangjêng ratu angandika | sapa gawe anggit anyar kaèksi | ya thoro ikêtmu iku | iya talaga muncar | pan ginawe krawistha kêmadhanipun | radèn kalih matur nêmbah | rama sultan kang pêparing ||

16. gumujêng Ratu Kancana | iya dalanane sira puniki | ya sanadyan wong tuamu | ratu dudu sasama | têka cèplês rama sultan pangucapmu | kang putra kalih tur sêmbah | gih sadasa kadospundi ||

17. ujêr kang karsa piyambak | saabdine prasamya dèn undhangi | yèn tan basakkên wong matur | inggih putra paduka | miwah inggih dhatêng ing kula pukulun | yèn tan rama jêngandika | undhange bungisan sami ||

18. kula kalawan kang putra | inggih Kakang êmas Pangran Dipati | pan inggih parentahipun | aja ana bêbasan | kowe [ko...]

--- 46 ---

[...we] aku rakêt bae wong sadulur | mung adhi mas kakang êmas | paran gènipun anampik ||

19. kalamun gandhèk dinuta | têmbungipun anggèr andika tampi | ikang timbalan pukulun | kangjêng rama andika | lamun botên makatên gandhèk pinêrung | lamun pêparing punika | sabarang dèn wiji-wiji ||

20. iki kang saking ing ingwang | iya saking ibunira kang iki | ibumu bok ratu sêpuh | iya Ratu Kancana | têka ibunira Bok Kulon puniku | ibumu Bok Êlor iya | kêkirime ingkang iki ||

21. sami gèdhèg kang miyarsa | oprup goyang kapala duk miyarsi | umatur dhatêng sang prabu | sultan têrlalu bisa | iya ambil jiwanya orang satuhu | lêbih pandhe itu raja | amrih suraning ajurit ||

22. ratu malih angandika | bêbêd sabuk iku paringan sami | matur inggih sadayèku | nadyan supe punika | lèpèn intên nyasêle paringanipun | wontên ing jênthik punika | rêgi satus winatawis ||

23. supe ingaturkên sigra | tiningalan ratu angandikaris | iki nora olèh satus | manawa karo bêlah | wêning têmên sanadyan padha hèr laut | dèn kasihi têmên sira | thole dèn angati-ati ||

24. tinanggap satuturira | kinèn mijil aso pondhokan dhingin | sang mata ngandikèng oprup | esuk dimène seba | ora susah nganggo kowe manèh oprup | sigra pamit mêdal sira |

--- 47 ---

angirid ing radèn kalih ||

25. praptane pakuwonira | sampun aglar sugata ingkang prapti | kang saking para tumênggung | pan pirang-pirang jodhang | nuli prapta jodhang kang saking kadhatun | kang binage satus jodhang | wrata sagunging prajurit ||

26. cinarita tigang dina | tigang wêngi anèng Surakartèki | pinaringan winalungsung | mring kang Ibu Ratu Mas | nuwun pamit kalilan mring kangjêng ratu | kintun sagon mêmanisan | gonipun ngolah pribadi ||

27. lawan Ratu Madurêtna | kintun nyamping sakêbar mring kang rayi | sarêng binêktakkên sampun | ing radèn kalihira | lawan nuwun kintun sêmôngka jêng ratu | kaliwon kalih dinuta | angatêr ing radèn kalih ||

28. lampahe sadalu marga | praptanira Sêmbuyan wanci lingsir | lajêng ngandikan sang prabu | maksih pinarak jaba | radèn kalih mangsah mangusapi lêbu | dinangu sapolahira | wontên ing Surakartèki ||

29. katur ing sasolahira | amimitiamiwiti. pan kongsi amêkasi | langkung suka sang aprabu | sagung kang pakintunan | ingkang putra ratu miwah kang bok ayu | sru suka nrus kabatinan | ngroning kamal wus anunggil ||

198. Sinom

1. kaliwon ing Surakarta | kalihe ngandikan sami | wau Dêmang Ardiguna | bagus sèdhêt solahnèki | jêng sultan ngandikaris | abêcik kaliwonipun | lawan Tirtawiguna | sirèki wêwêton ngêndi | inggih Lèpènmidêr pun Sutamênggala ||

2. lamun iku bapakira | iya wêruh

--- 48 ---

ingsun dhingin | omahe pan kidul wetan | saking ing pomahan mami | nanging bagus sirèki | iya lawan bapakamu | pan wong sêdhêng kewala | ngungkuli bapa sirèki | iya kaya wirun sèdhêting tanaga ||

3. apa sira kêndêl aprang | tur sêmbah dèrèng nglampahi | ya yèn nora kêndêl aprang | eman dhapurmu abêcik | nora ana mapaki | rêspatine urip iku | aja kongsi cinacad | maring samaning aurip | aja lunyu dèn têmên apawong sanak ||

4. wong bêcik dhapure uga | têtêkone dèn abêcik | mèmpêr Si Ranadiningrat | nanging jatmika sirèki | pantês dadi bupati | apacak wiraganipun | pawitane jatmika | mulane duwe wêwingit | iki patut jênênga Tisnawinata ||

5. lah iya sira gawaa | si jêbèng anjaluk kirim | iya sêmôngka maringwang | patang pikul sun kirimi | durung nêdhêng samangkin | pan iya sêmôngka gunung | yèn uwis padha tuwa | besuk ingsun kirim malih | tur sandika sira Dêmang Ardiguna ||

134. Pangeran Mangkunagara nyuwun pangayoman dhatêng Ingkang Sinuhun ing Surakarta, lumantar bok bakul grêji

6. wus kalilan budhalira | saking ing Sêmbuyan wukir | sapraptaning Surakarta | katukatur. solahing tinuding | kunêng gantya winarni | anênggih carakanipun | Pangran Mangkunagara | kang maring nagri Batawi |

--- 49 ---

Cadirana kalawan Patramênggala ||

7. praptane ing Batawiah | tan ana purun nampani | layange kaponthal-ponthal | amung iya kumasaris | kang purun amanggihi | maring ing carakanipun | nging pitutur kewala | layang tan purun nampèni | marang Sêcadirana Patramênggala ||

8. lah iya Patramênggala | miwah Sêcadiranèki | bandaramu aranana | apa lungguhe sayêkti | duta kalih nauri | gih satriya lênggahipun | lah iya yèn satriya | pasthi ana ratunèki | kirim layang dèn sahêna lan ratunya ||

9. lamun nora mangkonoa | layange tan bisa mosik | ing êndi ana satriya | ngungkuli ratune kêni | dadi mêtêngi bumi | bondhanakên tanpa ratu | ratune mèlu sapa | ya Mangkunagara iki | kang utusan pamit sampuning kalilan ||

10. lajêng mancal ing baita | ing lautan tan kawarni | praptanira nagri Têgal | mêntas saking baita glis | dharat maring Samawis | amomor ing lampahipun | lajêng saking Samarang | mêdal ing Surakartèki | saking Surakarta nunut lampahira ||

11. sapraptanira barisan | lajêng marak gustinèki | kumêpyur tyase kang mulat | sakala mèh sami pangling | dene kala tinuding | misih dhapur uwongipun | mangke praptane rusak | sipat kêkere sayêkti | wuwuh ngênês tyasira Kudanawarsa ||

12. miwah para mantri samya | tan ana [a...]

--- 50 ---

[...na] kang darbe galih | dinangu sasolahira | praptaning nagri Batawi | tan wontên anglanggati | wus tinutup bicarèku | wiwit ingkang bicara | mung satunggal kumasaris | purun panggih amituturi kewala ||

13. kula sami tinuturan | dadine panggawe iki | wit saking bêndaranira | kumlungkung kalêngki-lêngki | baya nora na malih | trah Mataram amung iku | mau dèn êla-êla | ya suprandene ngoncati | wus tinilar nututi môngsa kênaa ||

14. bêndaramu nora kêna | bicara lawan Kumpêni | yèn tan ana kang gendhonga | ratu roro salah siji | lah wis sirêpên ugi | dinawa mêmirang iku | wus bangêt luput ingwang | nora kêna dèn balèni | puluh-puluh dilalah kudu cilaka ||

15. dhingin lamun pêpanggiha | môngsa mangkenea ugi | jêr rêmbuge pijêr diya | dene ta kiyai iki | nora dèn wêwalêsi | yèn ora dèn têmu kuwuk | tur kyai pira-pira | ewon anumpês Kumpêni | aku mono matèni Walônda pira ||

16. sok padha kinira-kira | Walônda iku nyidrani | satêmêne nora ana | cidrane mung amiwiti | mring kang duwe nagari | mangkana wau kang rêmbug | ngungun kasèp ing lampah | ing mangkya pating kulithih | nora wurung rusak awêkasan sirna ||

17. anggung awayang-wuyungan | cipta tan ana dèn ungsi | angupaya sêratira | kang saking Surakartèki | duk anèng Pranaragi | ing Mamênang praptanipun | surate [su...]

--- 51 ---

[...rate] ari nata | kang saking Sri Narapati | Surakarta ngaturi kondur kang raka ||

18. nanging mangke ta wikana | sirna salêbêting jurit | sangsaya ribêt ing karsa | tinêlêng tan ana kêni | prayogane dèn ungsi | amung kang rayi sang prabu | nanging mangke ta paran | bok sang nata amutungi | nora kêna binalènana manawa ||

19. kaku saking cidraningwang | kapriye solah ngong mangkin | angrasa nora kabangkat | aprang kinarubut kalih | amuk kaambêg pati | môngsa kanggoa sabêdhug | umpêtan nora bisa | manawa umpêtan nglangit | angungsia jroning samodra kacandhak ||

20. pagene lêlakon ingwang | anêmu mangkene iki | Walônda wus kaputangan | saking dhèwèk ngadi-adi | Kumpêni wus angêjis | kunêng malih kang winuwus | sultan angeca-eca | kang anèng Sêmbuyan wukir | kathah oncat prajurit Mangkunagaran ||

21. pan bêbêcik ing pangeran | mung Gunungkidul Matesih | mangkya wong urut Sêmbuyan | têlas maring sultan sami | sauruting Matesih | têlas mring Surakartèku | tan ana jrih supata | pangeran anyupatani | samya nêrak nora ana jrih supata ||

22. ing Kajoran Kayuapak | baris Surakarta mangkin | wus arja kadi nagara | sakèhe kang para mantri | sanadyan wonge cilik | akathah sami nênandur | jagung katela kacang | wau ta wadana siji | gêdhe Radèn Tumênggung Pringgadiningrat ||

23. asangêt [asa...]

--- 52 ---

[...ngêt] pangèthèrira | wus ingantukakên malih | awit kasêntananira | wadanane kang kinardi | nênggih kaliwonnèki | Jayanagara Tumênggung | dene kaliwonira | ing Parambanan patinggi | pacak Radèn Angabèi Sumadita ||

24. malih ingkang kawuwusa | nênggih bok bakul garêji | wismanipun ing Katandhan | jalimêt pambakulnèki | tan ajrih dèn larangi | samana Surakartèku | rêmpêk lawan Mataram | dol tinuku dèn pêpêti | ingkang maring ing baris Mangkunagaran ||

25. lamun ana wong adagang | sabarang wus dèn undhangi | mring baris Mangkunagaran | lamun kawruhan Kumpêni | ingarah dèn cêkêli | binandanan tinalikung | sapih wong dêdagangan | wus kathah ingkang bilahi | nora mangan uyang wong Mangkunagaran ||

26. nora na wong bisa nginang | rong ratu ingkang mêpêti | wong akèh uyang ngêrangsang | sabên dina minggat sami | mung bok bakul garêji | andêmêr anyolong laku | lampah dalu kewala | enjinge praptanirèki | kinarubut dagangan sakêdhap têlas ||

27. bakul gêrji tinimbalan | mring pangran ing ngarsanèki | dinangu sira wong apa | ana ing Surakartèki | apa rôndha sirèki | miwah somahana iku | bok bakul aturira | ing Katandhan kula gusti | sayêktine kula inggih wong somahan ||

28. awon-awon pan kawula | inggih bojoning prajurit | Ki Ngabèi Udanpanas | lêlurah [lê...]

--- 53 ---

[...lurah] wong Durapati | pan inggih kang nindhihi | paos Bung Ngampèl pukulun | pangeran angandika | yèn mangkono sira iki | prajurit jro ingkang dadi lakinira ||

29. prajurite jêro pira | yayi prabu ing saiki | ni bakul gêrji tur sêmbah | wolung atus dèrèng luwih | apa arane sami | prajurite adhi prabu | ni bakul gêrji nêmbah | prajurit kawan dasèki | kalih atus kang asikêp waos binang ||

30. lêlurahipun sakawan | Mesabothi Mesaathik | Jalamprang Mesakakatrang | prajurit namèngyudèki | satus kang sikêp sami | waose gêlathik mungup | Lurah Rôngga Wêrcita | Dêmang Wêngkêr kang satunggil | satus malih wong Dorapati punika ||

31. lurahe laki kawula | satunggile udan riris | saragni satus lurahnya | inggih pun Mesajaladri | satus malih nisihi | pun Mesasura ranipun | Dorapati punika | Bung Ampèl sikêp ing jurit | tamtamane waos cêmêng pinodhang mas ||

32. lare-lare kawan dasa | sikêp karbin alus sami | katanggunge kalih dasa | lêlurah pun Panji Gringsing | Lurahe Yudapati | lawan Tirtakusumèku | liya saking punika | sawêg tinata nèng wingking | ingkang sampun pacak lurugan punika ||

33. pangeran malih ngandika | lakimu apa wong Bali | dene nama Udanpanas | apadene Madurèki | ni mbok gêrji wotsari | têtiyang Jawi satuhu | kalêbêt tiyang kina |

--- 54 ---

Lurah Kablitaran nguni | gulang-gulang kang nama pun Jaladara ||

34. pangeran asrêp tyasira | yèn kaya mêngkono bibi | apa ta sira kaduga | anglêbokna layang mami | matur bakul garêji | inggih kadugi pukulun | nyênyambat kang prayoga | iya iku wong apikir | wadon-wadon tinari sirèku kêna ||

35. sira bisa têtêmua | lan Ngabèi Wôngsaniti | lêlurah wong suranata | matur ni mbok bakul gêrji | guru dalêm pan inggih | dhatêng kawula ambiyung | lah iya layang ingwang | tibakna mring Wôngsaniti | sun wangêni bibi sira patang dina ||

36. katampane miwah ora | sira têmua lan mami | rewangana andêdonga | sun iki kawêlasasih | kapêlanggrang ing pikir | ni bakul gêrji asaguh | wangsul ing tigang dina | pinaring lorodan nyamping | sinungakên surat ni bakul umangkat ||

37. lampah dalu praptanira | ing nagari bangun enjing | ni bakul tangi sakêdhap | tangine bêbêthak sami | lakine dèn aturi | Kyai Udanpanas gupuh | praptane ing Katandhan | nyaine abisik-bisik | lah kiyai aku iki olih layang ||

38. Pangeran Mangkunagara | iya ingkang akêkirim | maring anakmu ing kana | Mas Ngabèi Wôngsaniti | iya turna tumuli | bok pinarêng iku besuk | yèn anakmu milua | milu nanggung ananggoni | pan mangkono iku layange pangeran ||

39. sinuhun nurut kewala | yèn anakmu

--- 55 ---

angaturi | ya kiyai pan pangeran | panarine marang mami | apa sira kadugi | ngaturêna layang ingsun | maring kangjêng suhunan | aturku inggih kadugi | ing aturku pan botên saking kawula ||

40. saakal-akal kawula | yèn anakmu mas ngabèi | kang ngaturna mring sang nata | yèn wis bênêr iku nyai | iki ta karêp mami | ing asar andhap sirèku | sêpining wong têmua | kowe nyai aja lagis | anggawaa malinjo durèn sêmôngka ||

41. bok andangu anakira | si paman sampun udani | iya sira umatura | pan paman têka ngamini | sakarsa-karsanèki | ing kabêcikan tinêmu | marèkakên wong aprang | iya golèk apa maning | pan anakmu wus mupugi ing aguna ||

42. sayêkti iku waspada | dadining ala lan bêcik | wong tuwa darma kewala | ngalor ngidul jurung amin | wusnya ingsun amulih | mung aturna taklim ingsun | nyai nuli mangkata | ingsun mulih mring Kusambi | nyai garji mangkat maring Suranatan ||

43. ing wanci sawusing asar | wau ni bakul garêji | bêkta panganan sadhulang | ing Wôngsanitèn wus panggih | jujug ing masjid alit | Ki Wôngsaniti kapangguh | kagyat bok gêrji prapta | agupuh bibi ing ngriki | sore-sore si bibi asigra mana ||

44. ngaturkên sal-angsalira | wau ni bakul garêji | durèn malinjo sêmôngka | mèsêm Ki Mas Wôngsaniti | adat têmên si bibi | wruhe kadoyanan [ka...]

--- 56 ---

[...doyanan] ingsun | nulya marpêki lênggah | sarya ngaturakên tulis | sêrat paran bibi anulya tinampan ||

45. lajêng binuka winaca | pèngêt sarta salam mami | Dipati Mangkunagara | senapati ing ajurit | lagya angsal salarik | kinèndêlan sarta jêtung | bibi nora kayaa | wahyu aibbinggaibing. Hyang Widi | dene kongsi si bibi dadia marga ||

46. ngungun-ngungun sadangunya | Ki Ngabèi Wôngsaniti | tinutugakên winaca | surat Pangeran Dipati | Mangkunagara nênggih | kang lagi kawêlasayun | luput amurwakara | tan wruh yèn durakèng bumi | mangkya dadi bêburon kadi mênjangan ||

47. saking yêkti tanpa tanah | mangke Paman Wôngsaniti | kula têmpuhkên si paman | pulihe tyase sang aji | bok maksih amutungi | kula nguni ingkang luput | sang nata krêp utusan | kula sêmbrana ing nguni | kula mangke kapok lamun dèn apura ||

48. punapa inggih sang nata | wus lila ing lair batin | lamun kula amanggiha | ing pakewuh tan sayogi | saking tyas tidha budi | sumimpang pakarya ayu | punapa inggih muspra | ing batin kula puniki | yèn manggiha inggih pati siya-siya ||

49. mangke kula wus angrasa | kalamun sri narapati | yayi Prabu Surakarta | pan inggih tan wontên malih | ngujurna maring mami | praptaning antakaningsun | paman kula sumôngga | ing karsane sri bupati | datan ana pantês [pa...]

--- 57 ---

[...ntês] pangungsèn asmara ||

199. Asmaradana

1. mangkana Kyai Ngabèi | Wôngsaniti dalunira | saos marang jro kadhaton | sêrat kang prapta binêkta | ing dalu katurira | duk winaca sang aprabu | gumujêng sarwi ngandika ||

2. ya wong kang mangkene iki | pikir sok gêgalak racak | wêkasing don tanpa gawe | kapriye iki bêciknya | yèn nora kinukupa | nora katon alanipun | antêpa wong asêsanak ||

3. yèn kalakona upami | nêmu pati siya-siya | sanadyan sinandhang dhewe | apêse gêgawa iya | maring kang kathah-kathah | yèn nora karêksa iku | tan wurung bubrah darajat ||

4. angsulana dhewe dhingin | gawaa parentah ingwang | yèn nyata têmên wus kapok | layang iku unèkêna | yèn têmên-têmên kangmas | nuli kaanaa iku | lakuning wakil bicara ||

5. wong roro salah sawiji | kang dadia awak-awak | môngka wakil bicarane | yèn nora Kudanawarsa | Kakang Mas Mangkuningrat | têtêmua lawan uprup | miwah lawan jênêng ingwang ||

6. yèn nora mangkana ugi | ingsun tan duwe pangeman | rêbut bêgja dhewe-dhewe | aja kakèhan pangôngka | aran wus nêdya nêmah | saiki namane têluk | dhingin namane pondhongan ||

7. lah ta iya angur êndi | lêbur datanpa kukupan | iya yèn rindhoa kiye | mulane aja kakehan | pikiran kakang êmas |

--- 58 ---

uwis rupak mangsanipun | nora kêna landhung karsa ||

8. sadalu Ki Wôngsaniti | dènira apagunêman | lan sang nata nèng panêpèn | pitungkas dalêm wus têlas | enjing sawêdalira | Ki Wôngsaniti agupuh | nyai gêrji ingaturan ||

9. karya sêrat sampun dadi | nyai gêrji praptanira | Ki Wôngsaniti lingnyalon | bibi puniki kang sêrat | kula kang darbe layang | nanging puniku kang mêngku | satimbalane sang nata ||

10. sapisan iki ta bibi | dika têmu lan pangeran | nuli kula nutugake | dika matur mring pangeran | nuntên ngaturna sêrat | mring kang rayi sang aprabu | kabêkta dika kewala ||

11. wus mathêm nyai garêji | sêrat sampun tinampanan | sapraptane ing wismane | manggil anak putunira | mangkat pukul sadasa | wanci asar sêlak jawuh | sipêng dhusun ing Paseban ||

12. sarêng byar angkatirèki | pukul wolu praptanira | ing barisan sami kagèt | enjing têmên nyai prapta | wus katur mring pangeran | sigra tinimbalan gupuh | têlung gêthèk praptanira ||

13. wus katur suratirèki | binuka mèsêm kadhadha | yêktos wutuh sarirane | mangkya karsane sang nata | yèn têmên-tinêmênan | linabuhan dadi bubuk | sang nata tangguh nanggulang ||

14. lamun kangmas maksih cilik | kaya ingkang dhingin ika | iya aja gêpoksenggol | wus padha ungkur-ungkuran | pangeran lêga ing tyas | karya sêrat badhe katur | dhatêng kang rayi sang nata ||

--- 59 ---

15. nanging sêrat maksih wingit | mila ni gêrji kewala | sigra sinangon angkate | kunêng wau Sri Narendra | Prabu ing Surakarta | nimbali mring tuwan uprup | sinungan wruh suratira ||

16. kang maring Ki Wôngsaniti | uprup langkung sukanira | umatur dhatêng sang katong | kadi kapok ing punika | inggih Mangkunagara | lumayu kabutuh-butuh | inggih sêdhêng kinukupa ||

17. gih pun Bapak Wôngsaniti | nuntên tuwan aputusan | kula bêktani kanthine | apan inggih pun Kêrkêran | sang nata angandika | yèn praptaa layangipun | sapisan êngkas kewala ||

18. uprup sira iku nuli | lan Wôngsaniti rêmbuga | matênge nuli kalakon | uprup umatur sandika | pun bapa kula undang | pamit mêdal tuwan uprup | sapraptanira ing jaba ||

19. manggil Kyai Wôngsaniti | sapraptane têtabean | uprup aririh têmbunge | bapa paran ta baiknya | dika besuk mangkata | kula bêktani puniku | Si Kêrkêran dika gawa ||

20. tuwan ingkang kula anti | pangeran nga[...]naNaskah rusak: ngaturna. layang | dhatêng kang rayi sang katong | uprup iya bênêr bapak | lagi surat mring bapak | bapak dika yèn lumaku | nganggoa cara maksiyat ||

21. kula wèh bapak kulambi | bapak dika go sikêpan | punika kameja ijo | têkan rangkêpane pisan | bapak nuli dadia | wus tinampan sigra mantuk | prapta wisma gya kinarya ||

22. kunêng ni bakul garêji | praptanira wanci asar |

--- 60 ---

lajêng dhatêng Wôngsanitèn | tan mampir ing wismanira | wus prapta Suranatan | gupuh dènira lumêbu | kapanggih anèng pandhapa ||

23. dene agêlis si bibi | nulya ngaturakên surat | langkung lêga ing manahe | Ki Wôngsaniti lingira | lah bibi kula bêkta | pêpanggihan lawan uprup | sampun kongsi cucul dika ||

24. sigra binêkta mring loji | maksih ngangge prajuritan | ni bakul gêrji mathethe | sapraptane uprup mulat | nuju wontên ing jaba | sigra têtabean gapyuk | Mas Wôngsaniti lingira ||

25. lah tuwan nyai puniki | kang dinuta mring pangeran | ingkang sok bêkta surate | lah punika angsal surat | badhe katur sang nata | môngsa borong tuwan uprup | binêkta mring kantor sigra ||

26. uprup anggung dènnya nglirik | eram dènnya prajuritan | alah lanang pêthènthènge | tuwan uprup atêtanya | Pangran Mangkunagara | kari pintên baturipun | nyai gêrji aturira ||

27. abdine ingkang turanggi | tigang atus mung punika | dene inggih lamun rèrèh | gangsal atus kêkapalan | dharatipun punika | inggih wontên pitung atus | sampun botên sagêd wêwah ||

28. ngaturkên suratirèki | kang saking Mangkunagaran | Johan Abraham lingnyalon | dawêg bapak manjing pura | dika sami wontêna | si nyai dimène mantuk | sayah mêntas alêlampah ||

29. nyai gêrji lajêng pamit | uprup akèn [a...]

--- 61 ---

[...kèn] ngambil arta | sinangonan wolung kêton | lurik kêmbaya sakêbar | bok gêrji langkung suka | sarêng mangkat lawan uprup | uprup praptanirèng pura ||

30. panggih lawan sri bupati | sêrat katur ing sang nata | uprup sarwi matur alon | pun bapa inggih nèng jaba | sarêng lawan kawula | kinèn animbali sampun | Wôngsaniti praptèng ngarsa ||

31. sang nata amaos tulis | akathah prasabênira | nuwun apuntên lupute | kalangkung tidha upaya | mangke sakarsa-karsa | dhumatênga lara lampus | pun kakang botên suwala ||

32. pun kakang tan nguningani | pakèwêde kang bicara | Kumpêni rênggang rapête | môngsa boronga sang nata | pun kakang tan uninga | inggih mung suwitèng ratu | pêjah gêsang tan uninga ||

135. Ki Wôngsaniti kautus Kangjeng Sultan manggihi Pangeran Mangkunagara

33. kèndêl dènnya maos tulis | iki uprup kaya paran | iya sabêcik-bêcike | apa nuli wèh wêruha | marang Dêlèr Samarang | uprup alon aturipun | pan inggih tuwan antosna ||

34. lamun sampun anuruti | sapamundhut padukendra | praptaa awak-awake | salah satunggal punika | gih pun Kudanawarsa | yèn tan Kudanawarsèku |

--- 62 ---

Rayi Pangran Mangkuningrat ||

35. paran Bapak Wôngsaniti | apa bênêr atur ingwang | Ki Wôngsaniti anthuke | gih bênêr puniku tuwan | botên angayawara | tuwan manawi marucut | uprup alon aturira ||

36. gih pun Bapak Wôngsaniti | lampahe pênêd nuntêna | ya ta ngandika sang katong | êmbèn bae lumakua | ya karo Si Kêrkêran | iku pitayane uprup | uprup alon nambung sabda ||

37. iya bapak wus prayogi | besuk ngarêpakên môngsa | matêngkên rêmbug lan ingong | uprup sampun pamit mêdal | Wôngsaniti praptanya | ing wisma ngundhangi sampun | kônca kang badhe binêkta ||

38. gêdhong kaparak nguruni | sami panèkêt nyatunggal | sapraptanira ing êmbèn | sampun pinaring ing layang | samakta siyaganya | wontên kuda têlung puluh | satus lawan ingkang dharat ||

39. sampun mampir maring loji | uprup mulat latah-latah | si bapak wus dadi anom | abagus kaya pangeran | ikête cêmukirang | pinaringan ing sang prabu | lawan sapaningsêtira ||

40. nyampinge lurik patani | paningsêt cindhe puspita | rasukan kalejo ijo | baludru ijo lancingan | panji-panji pasmèn mas | rangkêp kotang bajonipun | mubyar kancing sama rupa ||

41. turanggane dèn paringi | kore dhawuk kasèmbukan | pun Garnat kuda wastane | Adipati Mangkupraja | ambêktani urunan | wadya sragêni wêwolu | lawan [la...]

--- 63 ---

[...wan] sikêp kalih wêlas ||

42. uprup pitungkase ngênting | saking ing loji wus budhal | pukul sanga ing angkate | lawan Dêmang ing Pacitan | Dêmang Suralêksana | nginte siyos wandenipun | Ki Wôngsaniti lampahnya ||

43. dupi siyos anarêngi | nèng ngarsa nênuntun marga | Dêmang Suralêksanane | kêkapalane sadasa | asri ing lampahira | kadya lampahe tumênggung | kapara asri punika ||

44. pan ijêm payungirèki | sorot kuning pinarêmas | kêkalih waos ulêse | bokor madharan ambêkta | lante ulês sangkêlat | ampilan turôngga wolu | sami rare munggèng ngarsa ||

45. Dêmang Pacitan tinuding | dhingini atur uninga | Mas Wôngsaniti wiyose | budhal ing dintên punika | saking ing Surakarta | caraka dêmang wus mamprung | lampahe nyongklang adhean ||

46. praptaning barisan nênggih | jêng pangeran nuduh lampah | sakawan para mantrine | yèn badhe tanggêl ing lampah | ing dhusun lèr Paseban | sêdhêng inêpna ing ngriku | esuke sêdhêng praptanya ||

47. pukul wolu bae prapti | Ngabèi Sindu alangan | kang nyaosi sugatane | sampun amragat maesa | nèng dhusun ing Paseban | wau mantri kang amêthuk | wontên lèr dhusun Paseban ||

48. sampun asar wancinèki | mantri jêro sami cingak | mulat sarakit-rakite | dene lurah suranata | gumêdhug nora nyana |

--- 64 ---

kang ngiring garudukipun | lan dhapure prayayinya ||

49. angungkuli pra dipati | mèh kadya para pangeran | bagus wingit pasêmone | wus apanggih ingaturan | tanggêl lampah sampeyan | inggih ing ngriki sadalu | enjinge botên rêkasa ||

50. wus makuwon sawadyèki | papan sampun pinaryoga | rinêsikan saosane | kêbak tlundhag kir-ukiran | sigra asung sugata | jodhangan prapta supênuh | mantri jro pamit sadaya ||

51. ngriyini lampahirèki | wanci rêp ing praptanira | lajêng sowan adêdalon | lan Kyai Kudanawarsa | para mantri sadaya | wau mantri kang tinuduh | Ngabèi Jayaliyangan ||

52. wus katur ing lampahnèki | pamêthuke dutèng nata | miwah dènnya mrênahake | sadalu ing sipêngira | inggih langkung prayoga | jêng pangeran lon andangu | bature ana wong pira ||

53. Jayaliyangan wotsari | kuda tigang dasa gangsal | wontên sawidak dharate | dene lurah suranata | lakune têka rowa | Jayaliyangan wotsantun | anuhun inggih sêmbada ||

54. inggih lawan kang dèn iring | kula angungun kalintang | mring Kudanawarsa linge | kyai kula botên nyana | kang lumiring ing ngarsa | kula nyipta wontên tamu | pan inggih wong agung liya ||

55. kang arsa kula takèni | saure inggih punika | Mas Wôngsaniti lampahe | kula gêgêtun [gêgê...]

--- 65 ---

[...tun] kalintang | pênêd-pênêd akathah | kang ngiring tênaganipun | kadi wong ngiring santana ||

56. nuli kang dèn iring kèksi | songsong ijo sasorotan | kulambi kuleja ijo | sikêpan arangkêp kotang | udhênge cêmukirang | patani bang nyampingipun | paningsêt cindhe puspita ||

57. êpèk kamus irêng nênggih | binalênggi ing toya mas | suwasa ulêr lulute | katimang cawi suwasa | sêmu panganggenira | dhasare inggih abagus | kadya Satyaki cangkrama ||

58. wontên èmpêre sakêdhik | kadi Suramangunjaya | kancane nauri bêkès | pan maksih bagus punika | mugi Jayawikôngka | wontên kêdhik iribipun | nging maksih bagus punika ||

59. pangeran ngandika aris | bêcike Kudanawarsa | batur saana-anane | bêcik urmat baris uga | matur Kudanawarsa | inggih ing salêrêsipun | duta salirèng narendra ||

60. dalu wadya dèn undhangi | enjing dèn pacak samêkta | saragni lan panumbake | ya apa ana sawidak | kang padha lagi prapta | kang maksih anganggo cênthung | Kudanawarsa pucungan ||

200. PocungTeks asli: Pucung.

1. kadi langkung abrit cêmêng wontên satus | saking kathah prapta | mirsa yèn paduka mangkin | carêm lawan ari Prabu Surakarta ||

2. milanipun wadya kang wus dhongkol nusul | ngraos tan kabuwang | manggih aprang angsal kanthi | kathah prapta sami nutugakên trisna ||

3. ya ta wau datan [data...]

--- 66 ---

[...n] kawarna ing dalu | enjing sami tata | mêndhapi pakuwonnèki | binaladhah tinaruban ngajêngira ||

4. kang tinuduh Kudanawarsa ta mêthuk | kuda kawan dasa | amêthuk saloring kali | bêkta lêmpêr satalam jagung bakaran ||

5. kupatipun satalam iwak batutu | dublêg kuwalinya | ingulêsan janur kuning | Mas Ngabèi Wôngsaniti enjing budhal ||

6. kang amêthuk Kudanawarsa gènipun | satêngah onjotan | ngrêsiki ngandhap kusambi | mawi widhig akubêng mawi seseban ||

7. duk kadulu ingaturan kèndêlipun | raka jêngandika | Kyai Kudanawarsèki | ingkang mêthuk ing ngandhap kusambi ika ||

8. ya ta wau Mas Wôngsaniti andulu | mudhun saking kuda | Kudanawarsa marani | sarêng tundhuk gapyuk dènnya sêsalaman ||

9. milanipun adhi kula kinèn mêthuk | wantu sami tuwa | enjing pêrih ingkang galih | nyaosakên panulaking pêrih manah ||

10. alon muwus Kyai Kudanawarsèku | payo saosêna | iku padharaning adhi | akêmbulan nadhah katiga kêkêran ||

11. wusnya tuwuk asarap sami pikantuk | lorod maring wadya | wusnya nigan budhal sami | lampahira saparon onjotan prapta ||

12. wus kadulu jirap pasanggrahanipun | wus cêlak tumêdhak | Mas Ngabèi Wôngsaniti | akêkanthèn kalawan Kudanawarsa ||

13. pangran mêthuk munggèng kikising têtarub | angawe anyandhak | binakta marang pandhapi | linênggahkên [linênggah...]

--- 67 ---

[...kên] ing kursi ajêng-ajêngan ||

14. ya ta wau Kêkêran tinunggal lungguh | lan Kudanawarsa | Mas Ngabèi Wôngsaniti | ngaturakên surat saking ari nata ||

15. binuka wus winaos kadugi sampun | gumujêng pangeran | saryanggung dènnya anglirik | Ki Mas Wôngsaniti kang anggung sinawang ||

16. sang aprabu paran mangke watakipun | kula mangke paman | sampun nêmah nêdya mati | pintên banggi ing wuri amanggih gêsang ||

17. tiyang lunyu inggih paman cacadipun | dene trah Mataram | Ki Wôngsaniti nauri | sakalangkung cacade donya ngakerat ||

18. botên arus bêndara wong agung lunyu | apês ing ayuda | darajat lumayu gêndring | yèn wong agung sampun tinilar darajat ||

19. yêkti kuwur sapolahe ngawur-awur | pangeran alatah | paman lah kula puniki | anggorohi nanging goroh ing Walônda ||

20. wartinipun kapir wênang dèn balithuk | Wôngsaniti turnya | nadyan kapir-kapir kaki | pan Walônda wus mênêdi awit canggah ||

21. saking buyut mêdalkên karingêt sampun | anglabuhi karya | anjunjung karaton Jawi | sawarnine trah Mataram kapotangan ||

22. yêktinipun anggèr sampeyan puniku | lamun amiliha | mêngsah sayêkti basuki | mung satunggal kang kuwawi tuwan mêngsah ||

23. sawabipun sampeyan anambi kukum | yèn liya tan angsal | amung rama tuwan swargi | kang sinuhun sumare anèng Nglawiyan ||

24. liyanipun tan kêni paduka

--- 68 ---

mungsuh | mêngsah wong atuwa | kukumollah botên kêni | nadyan mênang-mênang panglulu kewala ||

25. yèn panglulu botên kangge tigang taun | sataun kewala | wangsul maring asor malih | ingkang pundi liring wênang kang minêngsah ||

26. aturipun rama paduka sang prabu | sumare Nglawiyan | dhatêng kang raka rumiyin | pangran arya kukum dèrèng kalêrêsan ||

27. milanipun rama paduka karuhun | narima nalôngsa | botên nêdha amrih pati | mring sampeyan botên nêdya karisakan ||

28. milanipun pun Rajaniti karuhun | mrih manggih dêduka | yèn sampuna tiyang lami | kalampahan pun Rajaniti kalunas ||

29. dosanipun kala sampeyan tinukup | Sakèbêr punika | lumantar tuwan abaris | Rajaniti katur ing rama paduka ||

30. nuduhakên dhatêng Sakèbêr pukulun | paduka lumajar | amor lan abdi lit-alit | Rajaniti dhatêng Sakèbêr tinêdah ||

31. hèh dèn gupuh Sakèbêr inggih puniku | kang audhêng pêthak | Pangran Mangkunagarèki | pun Sakèbêr wangsul nuntên anyanjata ||

32. tuwan gupuh narik dhuwung cara Wangsul | katur rama tuwan | sumare Nglawiyan nguni | duka nêpuk kadya anglunas-nglunasa ||

33. dadosipun paduka amalih mungsuh | sami-sami tapa | kalamun dèrèng prayogi | pan wong tuwa milalati dèn mungsuha ||

34. ngandikarum paman kiyai puniku | gih kiyai sultan | dèrèng kenging dèn wanèni | kang punika

--- 69 ---

dosa ing kalih prakara ||

35. wong asêpuh katutuh ing marasêpuh | nênggih kalih pisan | dunungipun pangabêkti | nunjang parang pangeran alatah-latah ||

36. pan kalantur dèrèng wontên kang atutur | pikir ngayawara | nuruti bramaning galih | mila paman sarira kaponthal-ponthal ||

37. botên rujuk kawula ananjuk-nanjuk | rungsang karangsangan | lunga ngênthir pothar-pathir | kocar-kacir kacicir tan kêna mêncar ||

38. pan kacakup anusup-nusup tan cukup | mèh thithik kacandhak | bosên tan bisa basuki | saparane umpêtan wus kapêpêtan ||

39. milanipun anggèr dèn kêkêl anungkul | wong wangkot kabrengkal | yèn arubuh angrubuhi | mring wong cilik punika tan tumut dosa ||

40. ngandikarum Pangran Mangkunagarèku | inggih putra dika | Dhimas Mangkuningrat benjing | asarênga lampahe kalih pun paman ||

41. lan tumênggung satunggil Pringgalayèku | môngsa borong paman | kature marang sang aji | ing cêguke tuna dungkaping bicara ||

42. sang aprabu dèn kathah apuntênipun | wus sah kang bicara | samakta badhe lumaris | Pangran Mangkuningrat lawan Pringgalaya ||

43. tan kawuwus ing marga amung sadalu | anèng pabarisan | Mas Ngabèi Wôngsaniti | budhal enjing lan Pangeran Mangkuningrat ||

44. angsul-angsul kang sêrat binêkta sampun | Pangran Mangkuningrat | lampahira kang umiring | liyan dharat kêkapalan pitung

--- 70 ---

dasa ||

45. mung sadalu enjinge pukul sapuluh | baris Kayuapak | tinuduh bupati siji | kang amêthuk Tumênggung Jayanagara ||

46. wus kapêthuk kidul dhusun Tawiyèku | Kapitan Bèl dènnya | mêthuk kapêthuk ing Samin | têtabean sakêdhap lajêng sarkara ||

201. Dhandhanggula

1. ya ta wau sapraptanirèki | Kasampangan uprup aparentah | baris urmat dragundêre | salutnan salawe wus | Kumpni Islam satus wus prapti | saos ana kuwonnya | Kasampangan rawuh | lurah niyaga satunggal | lan kagungan dalêm salendro wus enjing | mijil nèng Kasampangan ||

2. ing Sampangan pangeran duk prapti | sami têdhak saking kudanira | Wôngsaniti Kapitan Bèl | wadya pinarnah sampun | Pasampangan pakuwonnèki | pangeran lajêng sigra | numpak ing parau | mung bêkta abdi sadasa | Pringgalaya sakawan baturirèki | kilèn bangawan prapta ||

3. Kapitan Bèl sigra dènnya nganthi | anèng kanan lajêng lampahira | Ki Wôngsaniti kèrine | Pringgalaya ing pungkur | praptanira baris ngurmati | uprup mêthuk nèng jaba | têtabean gapyuk | binêkta manjing praptanya | jroning loji wus tata munggèng ing loji | urmat mariyêm munya ||

4. kaping sanga wadana jro sami | sêsalaman sami kang atuwa | sami abujung kang anèm | pangran asrêp tyasipun | mulat Sasradiningrat nênggih | mèsêm sarwi ngandika | Sasra ta sirèku |

--- 71 ---

sun tingali gêlis tuwa | matur dhêku gih bêndara kadipundi | sampun janjining badan ||

5. tuwan uprup pamuwusnya aris | Bapak Tumênggung Puspanagara | wus tanggung iki wayahe | yèn banjura malêbu | esuk bae pangeran iki | matura ing sang nata | mêngko yèn dinangu | gya larih janèwêr mêdal | Wôngsaniti sampun dèn caosi sopi | rame agêgujêngan ||

6. larih ping tri pangran dèn aturi | aso makuwon ing Kasampangan | yèn badhe enjing lêbête | sarêng bubaranipun | Kapitan Bèl kang tumut malih | ngatêr ing pasanggrahan | wau praptanipun | sugata wus panggih aglar | kang salendro adangu munya angrangin | pangeran wus alênggah ||

7. Kapitan Bèl sampun pamit mulih | enjing kewala prapta amapag | kang kantun eca lênggahe | niyaga lurahipun | tinimbalan prapta ing ngarsi | Pangeran Mangkuningrat | mèsêm ngandikarum | prayayi kônca niyaga | ingsun jaluk pêpatutan awak mami | urmatira gamêlan ||

8. sêmbadane ing gêndhingirèki | wong mêntas prapta kaponthal-ponthal | iya satiba-tibane | ing ngriki praptaningsun | pêpatutên tibaning gêndhing | lurah niyaga mênggah | dangu tan umatur | angatag malih pangeran | lah ta mara wèhana murah sun iki | mèsêm ing tyas graita ||

9. dhuh bêndara sampeyan puniki | mundhut gêndhing inggih gêndhing lunta | pangeran suka gujênge | gih môngsa

--- 72 ---

bodho ngriku | rame gujêngira miyarsi | suwuk ingkang gamêlan | nuntên angkatipun | wau ingkang gêndhing Lunta | sigra dhahar pangeran eca kang galih | nutug dènira dhahar ||

10. sri bupati sampun amiyarsi | lamun ingkang prapta rakanira | nanging tan lumêbêt mangke | sawab kasêlak dalu | badhe enjing sowan ing puri | ing dalu tan winarna | ing enjingirèku | sang nata ngundhangi wadya | urmat baris yèn kang raka mangke prapti | saragni kawan dasa ||

11. lan niyaga gôngsa Carabali | Kapitan Bèl enjing praptanira | ngirid pangeran praptane | ing loji agêngipun | urmatira mariyêm muni | tan dangu dènnya lênggah | lajêng lawan uprup | binêkta munggèng kareta | satêdhake saking kareta gya muni | kang Carabalèn ngangkang ||

12. Mangkuningrat ing busananèki | prajuritan pan lurik kewala | bajo nunggil lancingane | kêkalih dhuwungipun | carabalèn ingkang satunggil | kadya Pangeran Sampang | ing pasêmonipun | praptanira jroning pura | sêsalaman lan ari sri narapati | wusnya ngaturan lênggah ||

13. nanging dèrèng kêni dèn lakoni | dupi wau ningali sang nata | anggung barêbês waspane | dangu antaranipun | sampun sami sarèh ing galih | sang nata atêtanya | kakang mas rahayu | ing salampah jêngandika | matur dhêku sang nata inggih basuki | nata malih ngandika ||

14. tuwin Kakang êmas Adipati | Mangkunagara sami raharja | kakang mas ing sawingkinge |

--- 73 ---

umatur taklimipun | Pangran Mangkuningrat anuli | angaturakên sêrat | ing pamundhutipun | saking rasukan kewala | duk tinampan binuka sinuksmèng galih | mèsêm sri naranata ||

15. katri uprup sami munggèng kursi | dangu sang nata apêpoyokan | kakang mas mulus kesahe | dèrèng burik karuhun | ingkang raka nauri aris | duk rama jêngandika | sultan angadhatun | inggih wontên Kabanaran | langkung sangêt gèn kula sakit palênthing | kadi pêjah-pêjaha ||

16. nanging kangmas pantês mawi burik | rumiyin duk alagis kewala | sêmu mangke rêng-rêng mangke | ingkang raka angguguk | witing rama paduka mangkin | gih paman Singasêkar | inggih sakitipun | ing taun wingking punika | kala raka paduka kakang mas baris | Pranaraga Mamênang ||

17. dèn aturi pan lagya asakit | sakit cacarên amundhut toya | ing warti langkung sangête | Ramanta Singasantun | kadi botên pangandikaji | yèn mêwahi patuta | malah mindhak saru | ulêse kuning punika | angandika ing mangke gène nèng pundi | pun Paman Singasêkar ||

18. matur nêmbah nèng Mambêng samangkin | manahipun tan wontên ing teja | angucira salamine | rumiyin jêne bagus | inggih paman ing Singasari | alon matur kang raka | sayêkti yèn bagus | nanging acêblèh kewala | kirang sêmu sang nata ngandika malih | kalih jêng paman sultan ||

19. kalih Paman Arya Singasari | bagus pundi kang raka turira |

--- 74 ---

punika dede timbange | kantun sakaliripun | kantun sêdhêp kantun prak ati | manisipun sambada | miwah gandêsipun | wiraga dhapur pidêksa | gandêsipun anglangkungi tiyang èstri | pun Sawit pan kasoran ||

20. sami suka gumujêng sakenjing | prakawise amung tigang kêcap | gêgujêngan ing dangune | sami-sami wong agung | kula inggih dèrèng mênangi | kados rama paduka | gandês luwêsipun | kiyai sultan punika | yèn ngandika dèn ping kalih ping tigani | mindhak pantês kewala ||

21. inggih kangmas lajêng sapuniki | botên kantos wangsul mring barisan | kula duk putusan mangke | dhatêng dêlèr asung wruh | miwah dhatêng nagri Batawi | kula badhe utusan | kalawan pun uprup | anglantakakên manawa | kakang êmas pangajêng-ajênge lami | sawab putusan kula ||

22. ngantosi srat kang saking Batawi | sapa uprup kang sira tanggênah | iya gêgadhèn têgêse | pun Braham badhenipun | alpèrès ing jalan kaki |Kurang satu suku kata: alpèrès ingkang jalan kaki. sang nata angandika | dene bocah ingsun | patang puluh bêbêkêlnya | sun gawa ning jajare pêpitu sisih | angkate besuk apa ||

23. uprup matur sumanggèng sang aji | yèn pênêde inggih angantosa | surat ingkang saking dêlèr | sang nata ngandikarum | iya bênêr bêcik anganti | kang raka pamit mêdal | sarêng lawan uprup | Carabalèn sigra munya | rakit tanjak sadaya kang anjajari |

--- 75 ---

satus sawidak binang ||

24. praptèng jawi nitih karetaglis | lampahira uprup lan pangeran | sampun prapta ing lojine | pangeran pamit laju | sayah marang pakuwonèki | binêtanan kareta | sigra dènnya laju | kilèning bangawan prapta | têdhak saking kareta pangeran aglis | lajêng numpak baita ||

25. praptanira ing pakuwon muni | gêndhing Lunta Pangran Mangkuningrat | kinèn nyuwuk gamêlane | nimbali lurahipun | lah patutên salina gêndhing | pan ingsun uwis seba | marang sang aprabu | wus mari kalunta-lunta | ing têgêse ingsun wus têtêp nèng ngriki | kaya tinandur mana ||

26. têtanduran anyar kang upami | iya nuli oyod arondhona | dèn abêcik sêsirame | lurah niyaga matur | gêndhing Rondhon pinundhut mangkin | pangeran angandika | môngsa bodho ngriku | gêndhing Rondhon sigra lêkas | Pangran Timur anulya dhahar tumuli | nutug panadhahira ||

27. uprup lawan kangjêng sri bupati | sami utusan dhatêng Samarang | tur priksa lamun tundhuke | dhatêng wak-awakipun | Pangran Mangkunagara mangkin | kadange kang dinuta | mangke inggih sampun | nèng nagari Surakarta | dadya dêlèr prasamya amangun pikir | prayogining prakara ||

28. Istimolor dinutèng sang aji | mring Sêmbuyan ngaturi uninga | Mangkunagara tundhuke | sultan angandikarum | iya Molor tarima mami | sira iku dinuta | marang anak prabu | têluke iku

--- 76 ---

manawa | jaluk miji marang Kumpêni pribadi | yèn nora mangkonoa ||

29. jaluk urun sawah maring mami | yèn sawahe iku ya urunan | dadi amiji têgêse | yèn sawah nora urun | iya iku nora amiji | dene bobote sawah | Mangkunagarèku | yèn sawah Pajang Mataram | patang èwu tikêl lan bapakne dhingin | rong èwu kangmas arya ||

30. lamun bumi ing môncanagari | têka rongèwu iya luwiha | iku bobote bumine | matura anak prabu | yèn mangkono pratikêl mami | mayor nulya pamitan | mung sipêng sadalu | anèng barisan Sêmbuyan | sapraptane lajêng sumiwèng Narpati | Prabu ing Surakarta ||

136. Kangjêng Sultan ambibarakên barisan

31. kunêng wau kang winuwus malih | kangjêng sultan sampun pêparentah | bubarkên baris sakèhe | nanging pangantinipun | lamun Pangran Mangkunagari | wus manjing Surakarta | gène bubaripun | prajurit putra Madura | bubarira mêdal ing môncanagari | mampir ing Surakarta ||

32. kangjêng sultan kathahe ngintuni | mring kang rayi Panêmbahan Sampang | kuda pêksi pangajênge | Panji Kartayudèku | Kartasari wus dèn timbali | balane Dunggon [Dung...]

--- 77 ---

[...gon] gènnya | lan bala Madiun | panji kalih ingandikan | praptanira ing ngabyantara narpati | angujung pamit samya ||

33. angandika wau sri bupati | umatura marang pamanira | taklim ingsun kapindhone | dhingin jaluk maring sun | Dewaningsih sêlire swargi | kang kalap Pringgalaya | iku kang jinaluk | duk panjaluke maring wang | maksih anyar dèn ningkah Pringgalayèki | mêngko ta Pringgalaya ||

34. wus ngêmasi rôndha Dewaningsih | paran karsane ramakmu kana | iya apa ing samangke | misiha karsanipun | sira karo kang ingsun todhi | yèn wani ananggunga | karsane ramakmu | gawanên samêngko iya | Dewaningsih sun gawakakên sirèki | radèn kalih tur sêmbah ||

35. duka dalêm kula tan winênang | amung aprang padamêlan kula | botên winêling liyane | dene paduka dhawuh | kang punika pun Dewaningsih | kula matur kewala | yèn paduka dhawuh | malah arsa binêktakna | mring kawula pan ajrih botên winêling | prakawis kang punika ||

36. angandika alon sri bupati | yèn mangkono matura kewala | yèn misih karsa dèn age | anaa dutanipun | radèn kalih sami ngabêkti | nèng lêbu dalamakan | ing sasampunipun | angujung Ratu Kancana | lajêng pamit pinaringan sawarnaning | nêmbah wus sami mêdal ||

37. lajêng sakêdhap pamit ing loji | Uprup Yan Hèndrik Johan Abraham | utusan [utu...]

--- 78 ---

[...san] angatêrake | Kapitan Bèl tinuduh | wangsulira ing Sukawati | lajêng ungkur-ungkuran | wau lampahipun | wuwusên ing Surakarta | wiwit malih dènnya pêparon nagari | sami iras-ingiras ||

38. Ki Ngabèi Tirtanagarèki | Lurah Kadipatèn karepotan | dènnya nadhahi parone | kirang ing mantrinipun | anglawani paroning bumi | mantri kèh kapêndhêtan | manjing patang puluh | Ki Ngabèi Ônggasara | udan riris ing mangke dèn suwun malih | ragi mudhêng ing cacah ||

39. winangsulkên ing Kamantrèn malih | dorapati kalurahanira | Panji Gringsing kang ginawe | sinalin namanipun | wus anama Mesatankongkih | kalurahan tamtama | pan bêbêkêlipun | Kudasisimping kang nama | inginggahkên ing punika nama Panji | Panji Suradilaga ||

40. sarta pangwasa dipun wêwahi | mêngku prajurit ing jro sadaya | kadya mayor pangwasane | mangkana kang umatur | uprup dhatêng sri narapati | lampahipun pun Braham | pênêd nuntênipun | prandenipun mangke tuwan | gih Nikolas Harting langkung padukaji | antêpe têtanggungan ||

41. besuk apa bêcike lumaris | uprup matur inggih ari lurah | amarêngi dintên Sênèn | iya uprup panuju | Sênèn bae kongkonan mamampir |Lebih satu suku kata: Sênèn bae kongkonan mampir. mampir ing wismanira | uprup pamit sampun | sang nata apêparentah | Panji Suradilaga kinèn ambijig | bêbêkêl kawan dasa ||

--- 79 ---

42. sun duta marang barisannèki | Kakang êmas Amangkunagara | lan nênêm saragênine | panumbake wêwolu | amiliha kang bêcik-bêcik | besuk Sênèn atêrna | têmokna lan uprup | busana samaktanana | lan pundhutna panèkêt gandhèk kêkalih | iku angêmbanana ||

43. iya maring bocah kang sun tuding | prajurikprajurit. jro bêkêl kawan dasa | wus samya dhinawuhke |Kurang satu suku kata: wus samya dhinawuhake. ingkang badhe tinuduh | bêbêkêle wus dèn timbali | sabuk cindhe puspita | miwah Carawangsul | lan waos agêming lurah | sêkar pacar tatahan kang munggèng godhi | sopal kancana mulya ||

44. praptanira ari Sênèn aglis | wus samêkta kang badhe dinuta | wus sami pinanggihake | kalawan tuwan uprup | Panji Suradilaga ngirid | Dipati Mangkupraja | saking barisipun | sagung kancane wadana | wus kapanggih pra dipati anèng loji | samya andon asmara ||

§ Lajêng nyandhak jilid 21.

Isinipun

--- [0] ---

... Kaca

129. Kangjêng Sultan damêl gumujêngipun para abdi ... 4

130. Dhusun Matesih dipun jarah-rayah dening prajurit Madura ... 11

131. Lêlampahanipun Kangjêng Sultan nalika taksih timur ... 14

132. Prajurit Mangkunagara nêmpuh nagari Ngayogyakarta ... 22

133. Panji Kartayuda tuwin Panji Kartasari dipun timbali dhatêng Surakarta ... 40

134. Pangeran Mangkunagara nyuwun pangayoman dhatêng Ingkang Sinuhun ing Surakarta, lumantar bok bakul grêji ... 48

135. Ki Wôngsa Niti kautus Kangjêng Sunan manggihi Pangeran Mangkunagara ... 61

136. Kangjêng Sultan ambibarakên barisan ... 76