Sastra Jawa

Program Digitalisasi Sastra Daerah

  • Increase font size
  • Default font size
  • Decrease font size

Babad Giyanti, Balai Pustaka, 1937-39, #985 (Jilid 21)

Katalog:Babad Giyanti, Balai Pustaka, 1937-39, #985
Sambung:
1.Babad Giyanti, Balai Pustaka, 1937-39, #985 (Jilid 01). Kisah, Cerita dan Kronikal | Babad Giyanti #1061.
2.Babad Giyanti, Balai Pustaka, 1937-39, #985 (Jilid 02). Kisah, Cerita dan Kronikal | Babad Giyanti #1062.
3.Babad Giyanti, Balai Pustaka, 1937-39, #985 (Jilid 03) . Kisah, Cerita dan Kronikal | Babad Giyanti #1063.
4.Babad Giyanti, Balai Pustaka, 1937-39, #985 (Jilid 04). Kisah, Cerita dan Kronikal | Babad Giyanti #1064.
5.Babad Giyanti, Balai Pustaka, 1937-39, #985 (Jilid 05). Kisah, Cerita dan Kronikal | Babad Giyanti #1065.
6.Babad Giyanti, Balai Pustaka, 1937-39, #985 (Jilid 06) . Kisah, Cerita dan Kronikal | Babad Giyanti #1066.
7.Babad Giyanti, Balai Pustaka, 1937-39, #985 (Jilid 07). Kisah, Cerita dan Kronikal | Babad Giyanti #1067.
8.Babad Giyanti, Balai Pustaka, 1937-39, #985 (Jilid 08) . Kisah, Cerita dan Kronikal | Babad Giyanti #1068.
9.Babad Giyanti, Balai Pustaka, 1937-39, #985 (Jilid 09). Kisah, Cerita dan Kronikal | Babad Giyanti #1069.
10.Babad Giyanti, Balai Pustaka, 1937-39, #985 (Jilid 10). Kisah, Cerita dan Kronikal | Babad Giyanti #1070.
11.Babad Giyanti, Balai Pustaka, 1937-39, #985 (Jilid 11) . Kisah, Cerita dan Kronikal | Babad Giyanti #1071.
12.Babad Giyanti, Balai Pustaka, 1937-39, #985 (Jilid 12). Kisah, Cerita dan Kronikal | Babad Giyanti #1072.
13.Babad Giyanti, Balai Pustaka, 1937-39, #985 (Jilid 13) . Kisah, Cerita dan Kronikal | Babad Giyanti #1073.
14.Babad Giyanti, Balai Pustaka, 1937-39, #985 (Jilid 14) . Kisah, Cerita dan Kronikal | Babad Giyanti #1074.
15.Babad Giyanti, Balai Pustaka, 1937-39, #985 (Jilid 15) . Kisah, Cerita dan Kronikal | Babad Giyanti #1075.
16.Babad Giyanti, Balai Pustaka, 1937-39, #985 (Jilid 16). Kisah, Cerita dan Kronikal | Babad Giyanti #1076.
17.Babad Giyanti, Balai Pustaka, 1937-39, #985 (Jilid 17). Kisah, Cerita dan Kronikal | Babad Giyanti #1077.
18.Babad Giyanti, Balai Pustaka, 1937-39, #985 (Jilid 18). Kisah, Cerita dan Kronikal | Babad Giyanti #1078.
19.Babad Giyanti, Balai Pustaka, 1937-39, #985 (Jilid 19). Kisah, Cerita dan Kronikal | Babad Giyanti #1079.
20.Babad Giyanti, Balai Pustaka, 1937-39, #985 (Jilid 20). Kisah, Cerita dan Kronikal | Babad Giyanti #1080.
21.Babad Giyanti, Balai Pustaka, 1937-39, #985 (Jilid 21). Kisah, Cerita dan Kronikal | Babad Giyanti #1081.

Serie No. 1259t

Babad Giyanti

Anggitanipun Radèn Ngabèi Yasadipura I ing Surakarta.

Jilid 21.

Bale Pustaka - 1939 - Batawi Sèntrêm.

--- [2] ---

Wêwênangipun ingkang ngarang kaayoman miturut anggêr ingkang kapacak ing sêtatsêblad 1912 No. 600.

--- [3] ---

Kangjêng Sultan ambibarakên barisan.§ Miturut babon ingkang sumimpên ing Kon. Bat. Gen. v. K. en W.

202. Asmaradana

1. Panji Suradilaga ris | matur ing sang adipatya | punika kônca badhene | kang kinarsakkên lumampah | dhatêng Mangkunagaran | Dipati Mangkuprajèku | marang uprup sigra bilang ||

2. uprup sigra dènnya manggil | marang kang badhe dinuta | Brêman prapta wus ingawe | lan prayayi kawan dasa | ingawe tumut sigra | binêkta mring kantor sampun | sami dènira mitungkas ||

3. sarean Brêman Kumpêni | lan prayayi kawan dasa | sinung surat dhewe-dhewe | wus têlas dènnya mitungkas | Dipati Mangkupraja | bêktakkên titihanipun | kang sami darbe gadhahan ||

4. urut Kanggabaya nênggih | tinumutakên sadaya | budhal saking loji gêdhe | wontên kuda kawan dasa | wau ing lampahira | ing marga datan winuwus | sadintên dènnya lumampah ||

5. asar kang amêthuk prapti | Ngabèi Sindu Kalangan | duta ingacaran kabèh | sampun amanggih saosan | kang badhe sasipêngan | sadalu kèndêl ing ngriku | enjing lajêng budhalira ||

6. tan adangu lampahnèki | amung satêngah onjotan | prapta jawining pakuwon | Tumênggung Kudanawarsa | lawan Ranadipura | ingkang sami mêthuk tandhu | tabean asêsalaman ||

--- 4 ---

7. tabe lan Brêman Kumpêni | salaman lan kawan dasa | lajêng angirid lampahe | prapta lêbêting taratag | pangeran sigra têdhak | saking kursi têdhakipun | tigang tindak lajêng nyandhak ||

8. tabe lan Brêman Kumpêni | sawusnya lajêng pinarak | pan sarwi ambagèkake | ing prayayi kawan dasa | sarwi ngaturkên sêrat | mèsêm sakêdhap angungun | sawusira maos surat ||

9. pangandikanira aris | iki Dêlèr ing Samarang | kudu Kudanawarsane | jinaluk marang Samarang | nanging kangjêng susunan | ing prakara wus ananggung | mung amrih ing praptanira ||

10. lajêng padha mring Batawi | layange dêlèr kalawan | sang nata ing pratelane | êmbuh kang kanggoa benjang | praptaning Batawiah | lamun kanggo sang aprabu | pasthi ingsun nuli prapta ||

11. yèn kanggo Dêlèr Samawis | andadak Kudanawarsa | maring Samarang lakune | hèh prayayi kawan dasa | lawan bakale sira | apa gawe ingonipun | sun rewangi adol tatal ||

12. ujêr wong Kaduwang iki | pèni-pènine mung tatal | dèn padha narima bae | gumujêng alatah-latah | padha madati sira | eman wong abagus-bagus | wong nyêrèt anyuda cahya ||

13. Sindu Kalangan kang warti | abdi dalêm kawan dasa | sadaya prasami nyêrèt | tan wontên nganggur satunggal | pan gangsal wêlas lurah | kang tinarka aturipun | inggih pêpijêt kewala ||

14. gumêr kang sami miyarsi | pangeran alatah-latah |

--- 5 ---

nulya angandika alon | ya payo Kudanawarsa | sugatanên wus awan | yèn wus prênahna dèn gupuh | pamondhokan kang santosa ||

15. nulya dèn iridi mijil | tata bangkuning paseban | sampun amajêng tumpênge | sawusira sami nadhah | pinrênah pamondhokan | mangkana gantya winuwus | sultan kang baris Sêmbuyan ||

16. têlike atur pawarti | yèn kang putra Mangkuningrat | Tumênggung Pringgalayane | sampun lumêbêt mring Sala | lan Walandi satunggal | lan prajurit patang puluh | inggih gangsal wêlas lurah ||

17. dhatêngipun kala wingi | mring baris Mangkunagaran | jêng sultan sapamirsane | wus anyipta lamun sida | tundhuke maring Sala | angundhangi balanipun | jêng sultan têngara budhal ||

18. lan sagung kang pra dipati | kang tinuduh baris pacak | sadaya binubarake | gumuruh agiyak-giyak | prajurit kang bubaran | sami suka manahipun | lampahe prapta Ngayogya ||

19. wus ngadhaton sri bupati | jêng sultan anggung kasukan | amênêdi kadhatone | duk lagya samadya côndra | kondure mring Ngayogya | kraman madêg barisipun | nama Pangran Madukara ||

137. Kraman Pangeran Madukara

20. wong sa-Wukirkidul sami | suyud pacak barisira | Pangran Madukara mangke | wus andadi barisira | katur marang Ngayogya |

--- 6 ---

sultan nuduh kang amukul | Pangran Arya Natabaya ||

21. wus budhal saking nagari | Pangran Arya Natabaya | prapta ing Wukirkidule | lajêng campuh ing ayuda | Pangeran Natabaya | sawadyane parêng anduk | amuk gêlaring ayuda ||

22. Pangeran Natabayèki | prajurite ingkang dharat | ingkang kinarya dhadhane | kang sarira nèng pangawat | mung kuda tigang dasa | binêkta anunjang purun | sarêng anyamêthi kuda ||

23. panêrode ambêg pati | kuwur kawur wong karaman | Pangeran Natabayane | nora kêna tinadhahan | andêr pati anunjang | karaman giris malêdug | Pangerane Madukara ||

24. wus sirna madyaning jurit | tigang dasa kang kacandhak | sami kinêthok sirahe | pinanjêr pinggir barisnya | gêgêmbunge prasamya | ingadêgakên ingêrut | lawan uwiting palasa ||

25. Pangeran Madukarèki | sirnane datan karuwan | binubarakên barise | Pangran Arya Natabaya | pan sarwi anjêjarah | gêmpuran wong Wukirkidul | kang jinarah binoyongan ||

26. ing marga datan winarni | Pangran Arya Natabaya | praptèng Ngayogya lampahe | katur marang kangjêng sultan | gêmpure wong karaman | kacandhak wong têlung puluh | sadaya kang tinigasan ||

27. Pangeran Madukarèki | sirna madyaning alaga | jêng sultan langkung sukane | nging Pangeran Natabaya | gêrahipun konduran | sadhatênge saking nglurug | tan wayu kacandhak gêrah ||

28. gêrahe samadya [sa...]

--- 7 ---

[...madya] sasi | jêng sultan ping tiga têdhak | sakalangkung gêngnya sihe | nanging Pangran Natabaya | pinasthi praptèng ajal | wong sa-Yogya wayang-wuyung | seda Pangran Natabaya ||

29. dene mêtoni prajurit | putra Kanatakusuman | langkung gêng gara-garane | lindhu ping pitu sadina | udane salah môngsa | prahara rêg sindhung riwut | agrèng agraning prabata ||

30. kêkês wadya sanagari | jêng sultan ngujung kewala | ngrasa lamun dandanane | prakosa prawirèng laga | sêmpal baune kiwa | sinatriya sudibyanung | môngka bauning nagara ||

31. sultan cuwa bêbakali | trah Pangeran Pringgalaya | mangkya jangêt kinatêlon | ibu trah Kapurubayan | marma ginadhang-gadhang | môngka manggalaning pamuk | lawan dhapure sêmbada ||

32. dêdêg parusa rêspati | agagah rikat arowa | tinonton kalah padha wong | wau pangeran dipatya | miwah Sang Adipatya | Danurja ribêt ing kalbu | dènnya jêng sultan sungkawa ||

33. manawi kasupèn inggih | dènnya tan atur uninga | dhatêng kang putra sang katong | Sang Aprabu Surakarta | Nyai Arya Suwônda | Dèn Ayu Lor kang tinêmpuh | umatura kangjêng sultan ||

34. Dèn Ayu Lor nusul aglis | dènira mujung jêng sultan | sampun angalèh panêpèn | sinusul dèrèng alênggah | Dèn Ayu Lor praptanya | aririh dènnya umatur | paduka botên utusan ||

35. mring putra dalêm sang aji | sang prabu ing Surakarta |

--- 8 ---

tur pirsa lamun sedane | Pangran Arya Natabaya | sultan amung sasmita | mung sakêdhap kêdhèpipun | Dèn Ayu Lèr nêmbah mentar ||

36. wus dhinawuhakên nuli | mring Nyai Arya Suwônda | wus lajêng dhinawuhake | mring Dipati Danurêja | carik wus kinèn karya | gandhèk dhinawuhan sampun | badhe marang Surakarta ||

37. umêsat dutanira ji | kang dhatêng ing Surakarta | ing Surakarta praptane | wus panggih Johan Abraham | lajêng binêktèng pura | surat katur sang aprabu | winaca ngungun miyarsa ||

38. surat sampun dèn wangsuli | mring Sang Prabu Surakarta | umêsat mantuk dutane | sapraptanira Ngayogya | lamine lampahira | inggih gangsal gêthèk dalu | sultan ingaturan pirsa ||

39. lamun wontên surat prapti | kang Putra ing Surakarta | kang prapta angsul-angsule | sultan règèng-règèng lênggah | amung amundhut wedang | dèrèng karsa mundhut sêkul | sampun kanêm gêthèk dina ||

40. wakil pangeran dipati | kang amanggihana layang | sampun kalêbêt surate | gandhèk prayoga kewala | tinampèn ing pangeran | dipati binakta laju | ingaturakên kang rama ||

41. wus tinampan tinupiksi | surat saking Surakarta | ing jroning surat karaos | aturipun ingkang putra | Sang Prabu Surakarta | inggih ing sakathahipun | sami amupus ing titah ||

42. yèn wus prapta watêsnèki | kula nyarêmi samodra | lamun jêng paman pamine | amanjangna kasusahan |

--- 9 ---

kamipurun kawula | yèn kangjêng paman amêsgul | kapêjahan kang santana ||

43. kêna sikuning Hyang Widi | ing samangke paman sultan | sintên kang dadi jênênge | pangaubane ngakathah | amusakani Jawa | tuladan kang kantun-kantun | nuntên paman makatêna ||

44. tipis mungguh ing Hyang Widi | angabarakên ing kathah | sultan duk miyarsa kagèt | angrasa yèn kawênangan | tur lêrês ingkang putra | ing Surakarta Sang Prabu | ature karana Allah ||

45. nimbali garwa kêkasih | Dèn Ayu Lor praptanira | sigra nguncalkên sêrate | Bok Êlor sun kawênangan | iya ing putranira | ing Surakarta nak prabu | Dèn Ayu Lor maos sêrat ||

46. wusnya mèsêm matur aris | lêrês putra padukendra | ingkang punika ature | wong tuwane mung paduka | ingkang pantês tuladan | kados gandhèk kang dinangu | mirsa paduka sungkawa ||

47. sayêkti raosing galih | inggih putra padukendra | tuwan nipisa tekade | wong tuwane kantun tuwan | kang pantês tinuruta | sultan sigra dènnya mundhut | lajêng dènira adhahar ||

48. lajêng parentah ing cèthi | warahên wong gamêl iya | konên ngambili dèn age | ya Si Jaka Kamandaka | lawan Si Bisawarna | katêlu Si Jayandaru | nuli padha dèn lêbokna ||

49. cèthi nêmbah nuli mijil | gamêl sampun dhinawuhan | angambili turanggane | Jayandaru Bisawarna | lan Jaka Kamandaka | wus lêjar tyasira prabu | kang angrontog roning kamal ||

--- 10 ---

138. Pangeran Mangkunagara kondur dhatêng Surakarta

203. Sinom

1. kunêng malih kawuwusa | sêrat kang dhatêng Batawi | surate kangjêng susunan | lawan Dêlèr ing Samawis | dêlèr arsa pêpanggih | dhingin Kudanawarsèku | dhatênga ing Samarang | dene surate sang aji | tuhu nanggung ing cidrane tinanggulang ||

2. dadya jendral nurut ika | ing kangjêng sri narapati | yèn Mangkunagara prapta | wus ambyuk ing sri bupati | sang nata anaguhi | sirna sangkêr walêripun | dene mungguh prakara | ingkang barang dèn lakoni | ingkang iku dêlèr wajib angrungua ||

3. dadya surat malih prapta | sêrat saking sri bupati | lan saking Dêlèr Samarang | luwih karsane sang aji | jendral amung nuruti | pananggunge sang aprabu | mila sêrat kang prapta | amung nuntên amurugi | mung kang raka enggala prapta nagara ||

4. sang nata srate kang prapta | dhatêng ingkang raka malih | lawan uprup sêratira | mratelakkên yèn wus dadi | surate sri bupati | kang inganggêp ing gurnadur | pangeran langkung suka | abdinira sri bupati | patang puluh kang limalas bêkêlira ||

5. Kumpêni Alpèrès Brêman | sami tinimbalan malih | pangeran nuntên mangkata | manjing ing Surakartèki | Rêbo ngajêng punika | uprup kang kinèn amêthuk | dhusun Gêmblung punika | Dipati [Di...]

--- 11 ---

[...pati] Mangkuprajèki | kanthi Wirawidigda lan Arungbinang ||

6. rinakit kang pasanggrahan | ing Gêmblung kang dèn pênêdi | sang nata pamêthukira | ing Tunggon dipun rêsiki | prayayi nambut kardi | sasak Sêmanggi sinambut | Rôngga Prawiradirja | mor baris Surakartèki | tumut barang sinambut wong Surakarta ||

7. têtiga Prawiradirja | punggawa ing Ngayogyèki | wau ta Alpèrès Brêman | lan abdinira sang aji | wong Patang Puluh sami | sadaya sinangon sampun | têtindhih pangiridnya | pinangadêg pinisalin | budhal saking barisan Mangkunagaran ||

8. mangkat pukul wolu siyang | tan kèndêl dènnya lumaris | ing pukul sadasanira | praptanira anèng loji | bêngawan nuju banjir | gandhèk lawan patang puluh | sipêng ing Pasampangan | mung bêkêl kawan dasèki | kang pinanggil uprup ing loji sipêngnya ||

9. têtanya paran pangeran | apa wus eca kang galih | ulate dene katara | sira kang bisa sayêkti | matara padha Jawi | pasthi yèn bisa anangguh | kawan dasa turira | tuwan wus eca kang galih | sadhatênge sêrat kang dhatêng punika ||

10. mulane ingsun têtanya | ya layang kang kari iki | bênêre kang gawe padhang | ingong tutur ing sirèki | matura ing sang aji | aja katon saking ingsun | iya iku katôndha | pangrungunira pribadi | ya Pangeran Dipati Mangkunagara ||

11. ingkang rayi kiniriman | bok lawas ana ing ngriki | watir dene sangunira |

--- 12 ---

kinirim intên sarakit | dèn êdol marang mami | rêgane pan limang atus | ingsun wèhi kewala | reyal limang atus aglis | sun balèkke intêne kang sakêmbaran ||

12. lawan iya sanggup ingwang | yèn lawasa ingkang rayi | Pangran Arya Mangkuningrat | ywa susah ingoning dasih | pan ingsun kang nanggupi | bature satus rongpuluh | pangerane sinôngga | dhahare saking jro puri | mung bature ingkang satus kalih dasa ||

13. sira esuk barêng ingwang | ingong malêbêt ing puri | ing dalu tan kawursita | enjang malêbu ing puri | ngaturkên surat prapti | lan angatas lampahipun | tinuduh amêthuka | ing kadhaton praptanèki | sira Uprup Yan Hèndrik Johan Abraham ||

14. ngaturkên surat kang prapta | nênggih angsul-angsulnèki | Pangeran Mangkunagara | kang ingutus dèn timbali | dinangu lampahnèki | mawas suka susahipun | matur yèn sampun eca | tyase lair lawan batin | mantun pêthak ing mangke sampun sumringah ||

15. dene inggih tinimbalan | ing Rêbo ngajêng puniki | inggih sandika lumampah | samakta sawadyanèki | dinangu wadyanèki | tigang atus botên langkung | ingkang sikêp gêgaman | ngobèng rêrubêde sami | ginunggunga gangsal atus botên kirang ||

16. sang nata alon ngandika | dadi uprup sira iki | besuk esuk lumakua | lawan Si Mangkuprajèki | aja sira luwihi | mung sêdhênge desa Gêmblung |

--- 13 ---

ingsun êmbène mapag | nèng Tunggon mandhêg wak mami | aja nginêp sirèki iya tulaka ||

17. ya karo Si Mangkupraja | tinggala wadana kalih | Wiradigda Arungbinang | padha wong tuwa prayogi | uprup umatur aris | kula nuwun ampat puluh | gih salurah kewala | sang nata badhe maringi | nuwun sèkêt pinaringan wolung dasa ||

18. lawan ingkang mêntas kesah | badhe pinaringkên malih | patang puluh kang limalas | lagya kèndêl tigang ratri | uprup mangkat tumuli | Dipati Mangkupraja wus | Rungbinang Wiradigda | budhal saking ing nagari | lan ambêkta lurah niyaga satunggal ||

19. kalawan sakancanira | kang binêkta gôngsanèki | pun Madat Kapringgalayan | uprup lan sang adipati | watawis kang angiring | wadya kang turôngga sèwu | Pangran Mangkunagara | budhal ing pakuwonnèki | lêt sadalu sampun asipêng ing marga ||

20. Yan Hèndrik Johan Abraham | lan Mangkupraja Dipati | pasanggrahan Gêmblung prapta | rinakit panggonan baris | sêsiyung angurmati | uprup sigra dènnya nuduh | Kêkêran lawan Brêman | mring gène pangeran aglis | pan kapêthuk ing marga pangran wus budhal ||

21. lajêng rinikatkên lampah | ing Gêmblung wus tata baris | rakit kang para dipatya | nindhihi baris pribadi | baris ingkang mêkasi | prajurit jro patang puluh | cêlak panggenanira | uprup lan sang adipati | wus katingal prajurit Mangkunagaran ||

22. tan dangu pangeranira |

--- 14 ---

wadyane yèn winitawis | kawan atus botên kirang | wus cêlak gamêlan muni | Kodhokngorèkirèki | Dipati Mangkuprajèku | myang Carabalènira | Tumênggung Wiradigdèki | sêlendrone Ki Tumênggung Arungbinang ||

23. kalawan tambur gumêrah | wus têdhak saking turanggi | Pangeran Mangkunagara | uprup sigra malayoni | gapyuk tabean aglis | agantya rangkul-rinangkul | aras-ingaras jôngga | Dipati Mangkuprajèki | nyandhak suku gêlosod dènnya karuna ||

24. pangeran jêtung kewala | têtanya mring uprup ririh | hèh uprup iki ta sapa | kang nangisi maring mami | wong ompong kaki-kaki | uprup alon aturipun | pangeran gih punika | Dipati Mangkuprajèki | pêpatihe rayinta tuwan susunan ||

25. jêng pangran dhêku kewala | sakala angrangkul aglis | saksana sarêng lumampah | praptèng pasanggrahan sami | Kyai Mangkuprajèki | apan maksih sênggruk-sênggruk | tumênggung kalih prapta | Rungbinang Wiradigdèki | sarêng mangsah ngujung prasamya karuna ||

26. pangeran jomblong kewala | mangkene antêpirèki | pra punggawa Surakarta | Mangkupraja sapa iki | matur saha wotsari | Tumênggung Wiradigdèku | wadananing panêkar | wadana sèwu satunggil | gih punika pun Tumênggung Arungbinang ||

27. wus sami lênggah atata | pangeran asrêp tyasnèki | mulat tangkêping punggawa | antêpe anrus ing batin | sun dhèwèk ingkang sisip |

--- 15 ---

dhingin marang ari prabu | anggung angamandaka | nora nglanggati sayêkti | mangkya ingsun kêna pêpanggiling papa ||

28. uprup anganthi jêng pangran | wus tata samya alinggih | nèng taratag pasanggrahan | kang kidul Pangran Dipati | Mangkunagara nênggih | kang anèng lèr tuwan uprup | drèl dragundêr gumêrah | mariyême anggêdhugi | Kodhokngorèk salendro barung mong swara ||

29. ing Sabtu Paing wulannya | Jumadilawal marêngi | sanga likur warsanira | mèh madyanira Jimakir | uprup sigra anganthi | pangeran binakta wau | ngiwa angidul ngetan | sami lumêbêt wismalit | amêmangun pirapêt kang prajangjian ||

30. wus dadya kang pinirêmbag | kang kinêmbang para pikir | Yan Hèndrik Johan Abraham | kang môngka badal sang aji | mangun ingkang prajangji | Pangran Mangkunagarèku | sang nata yèn sakita | pangran pasthi tumut sakit | yèn sang nata wibawa tumut wibawa ||

31. lan wênang kang upacara | saupacarèng narpati | lênggah ing nginggil satata | mung kaot dhampar lan kursi | sadaya sinanggêmi | sawusnya palêsta mêtu | wangsul malih taratag | lajêng dhadharan prasami | angladosi kaliwon lan pra dipatya ||

32. mariyêm ambal-ambalan | salendro munya angrangin | sawusnya sami dhadharan | uprup nulya pamit mulih | kalawan Adipati | Mangkupraja tumut mantuk | dene kang pra dipatya | binêkta mantuk kêkalih | Wiradigda kalawan Jayanagara ||

33. kêkalih ingkang tinilar |

--- 16 ---

nèng Gêmblung lan sukêtaris | Ki Tumênggung Arungbinang | Tumênggung Mangkuyudèki | tabe rangkulan sami | pangeran lan tuwan uprup | budhal mantuk mring Sala | sapraptanirèng nagari | lajêng manjing kadhaton panggih sang nata ||

34. ngaturkên taklim ing raka | katur saaturirèki | kang raka panêdhanira | sri narendra ananggêmi | barang panêdhanèki | kang tinanggêl marang uprup | sang nata duk putusan | marang ing Dêlèr Samawis | sapraptane caraka antaranira ||

35. sapêkên anulya undhang | ing wadya sri narapati | badhe amêthuk kang raka | ing Tunggon wus dèn rêsiki | pasanggrahan pêpanggih | banjêng taratag winangun | sang nata wus samêkta | budhal sawadyanirèki | lawan uprup dragundêre wolung dasa ||

36. sawidak jalan kakinya | kêrigan kang pra dipati | jawi lêbêt pamajêgan | mantri bupatine sami | miwah môncanagari | pra dipati samya tumut | gumuruh balakuswa | prajurit awarni-warni | asri tinon kadya panjrahing puspita ||

37. baris agêng sami ngêbyak | ing sabin rêndhêng mangsèki | sakala dadya leleran | kambah ing baris lumaris | pangarsa sampun prapti | ing Tunggon tinata sampun | sêsiyung amangawat | pra dipati nganan ngering | prajurit jro kang abaris ing ngayunan ||

38. sang nata sapraptanira | ing Tunggon pinarak aglis | munggèng taratag wangunan | lan uprup sigra anuding | sukêtaris duk prapti | tinuduh wus kinèn [ki...]

--- 17 ---

[...nèn] wangsul | ngenggalakên Pangeran | Mangkunagara nulyaglis | sukêtaris nitih kuda cêcongklangan ||

39. prapta ênggène pangeran | umatur sang nata prapti | sukêtaris aturira | Pangran Mangkunagara glis | budhal sawadyanèki | Alpèrès Brêman tan kantun | wau ing lampahira | wus prapta sakidulnèki | pasanggrahan sri narendra sigra têdhak ||

40. wus budhal saking turôngga | mantri jro garêbêg sami | wus cêlak manjing taratag | gapyuk sêsalaman aglis | sawang-sinawang sami | gumujêng rangkul-rinangkul | samyèngêt timurira | uprup têtabean sami | nulya sami tata asmara ing lênggah ||

204. Asmaradana

1. munggèng amparan sang aji | ngalèr ngilèn ajêngira | kang raka lèr kilèn gène | uprup sawetan sang nata | munggèng kursi pangeran | rinupêk rakiting lungguh | pangeran ngaturkên sêrat ||

2. tinampèn ari narpati | sinuksma driya wacana | wus titi ing pamaose | kang surat linêmpit sigra | dinèkèk jro rasukan | ingkang raka sigra matur | punika antêp kawula ||

3. sarambut tan nêdya gingsir | kang sampun kalêbêt sêrat | sang nata pangandikane | inggih kangmas sami uga | pundi Kudanawarsa | pangeran sigra umatur | têdah ing ngajêng punika ||

4. apan abdi dalêm lami | sang nata môngsa kilapa | mèsêm ngandika sang katong | bagea Kudanawarsa | iya wèt anom sira | Kudanawarsa agupuh |

--- 18 ---

manêmbah sungsun marngangah ||

5. hèh Si Kudanawarsèki | kakang mas iki karsèngwang | aja kakèhan karsane | nuli aja pisah-pisah | rina wêngi lan ingwang | mati urip rêmuk-rêmpu | bingung ingsun yèn pisaha ||

6. Kudanawarsa wotsari | saèstu karsa paduka | jêng raka paduka katong | apan wong suwitèng raja | yêkti manut sakarsa | yèn sampun panggih pukulun | kênthêle ingkang prakara ||

7. gumujêng sri narapati | lah iya Kudanawarsa | ing rèh aja kongsi cuwèr | apan padha kari lola | sun iki lan kakang mas | lah dawêg kakang mas sampun | amikir kang kudu nêbah ||

8. mungguh kang dhatêng Kumpêni | kakang mas panêdha kula | tan kenging yèn pisah adoh | nadyan manggiha prakara | kakang mas miwah kula | yêkti sarêng rêmak-rêmpu | singa-singa dadi lampah ||

9. pangeran miyarsa sêdhih | dene karsane sang nata | panyanane ing waune | asal wus canthèl kewala | prakara goning wisma | sanggène sasukanipun | milih padalêman desa ||

10. ing mangke sri narapati | karsane nêsêg kewala | kang raka kinarsakake | dalêm manunggil sapraja | rina wêngi ywa pisah | tan bêtah pisah sadulur | kapok wêwindon pêpisah ||

11. ing mangke kang raka prapti | kayungyun onêng ing driya | osiking tyas graitane | Pangeran Mangkunagara | yèn nora anuruta | sangêt dukane sang prabu | tan wun murwèng lagadira ||

12. ingkang karaos ing galih | lamun murwèng ing alaga |

--- 19 ---

kacandhêt dening putrane | jalu maksih bobot sanga | ewuh ginawa aprang | ingungsèkna marang gunung | kang putra Radèn Mas Sura ||

13. kang raka langkung kuwatir | dadya nêmah antêpira | nurut karsane sang katong | sang nata dhawuhkên sabda | upata yèn oncata | barang kang wis dadi rukun | sinêksèn Uprup Abraham ||

14. barang pamintanirèki | kang raka pan tinurutan | Pangran Mangkunagarane | sinêksèn Uprup Abraham | lan uprup asupata | ing sabarang jangjinipun | kang rayi lawan kang raka ||

15. anggung larih mriyêm muni | miwah drèle barondongan | angiras jangji gunême | wanci satêngah satunggal | rampung barang bicara | budhalira sang aprabu | kang raka binêktèng praja ||

16. nuju ing Rêspati Paing | Jumadilakir kaping pat | maksih Jimakir taune | mulat liman obahing rat |Sengkalan: mulat liman obahing rat (Kêmis Paing, 4 Jumadilakir 1682 A.J., Rabu, 24 Februari 1757 A.D.). ri kang sangkalanira | swaraning bala gumuruh | saking Tunggon budhalira ||

17. campuring bala mêrtani | mawarna ingkang busana | kang raka lawan sang katong | abayak turangganira | anggung ulungan sabda | kang raka lawan sang prabu | tan pêgat samarga-marga ||

18. sapraptanirèng Sêmanggi | Dèn Rôngga Prawiradirja | ingkang jagani sasake | lan Tumênggung Wiradigda | kèndêl wau sang nata | ngantosi panabrangipun | wadya prajurit sadaya ||

19. turanggi nabrang rumiyin | kore dhawuk pagêr waja | titihanira sang katong | tuntunan Kalamaruta | têlas kang balakuswa | sigra [si...]

--- 20 ---

[...gra] wau sang aprabu | têdhak lawan ingkang raka ||

20. akêkanthèn asta sami | lumampah wontên ing sasak | kang raka lawan sang katong | sakalangkung rukunira | caryan tyas kalihira | kang mulat kapiluhipun | emut larasing carita ||

21. wong agung surayèng bumi | lan Dipati Tasikwaja | tan pisah kala timure | mangkya pisah nêng-ênêngan | malah awawan ing prang | mangkya praptanira wawuh | mila onêng kalihira ||

22. wus nabrang kali Sêmanggi | wus sami nitih turôngga | ing loji wau praptane | baris wus angapit marga | têdhake sri narendra | nganthi kang raka gumuruh | drèl mariyêm barung Monggang ||

23. sampun kapanggih ing loji | Pangran Arya Mangkuningrat | ngabêkti marang rakane | pisah kalih têngah wulan | wontên ing Surakarta | tambur asar praptanipun | sang nata alon ngandika ||

24. lah kangmas dika ngulati | sasênênge manah dika | ingkang prayogi papane | inggih badhe padalêman | Dipati Mangkupraja | iridên para tumênggung | andhèrèka kakang êmas ||

25. uprup sigra marentahi | marang upêsir sadaya | kinèn tumut ing lampahe | Pangeran Mangkunagara | saking loji umangkat | sarêng sang nata ngadhatun | uprup ngatêr kondurira ||

26. wau pangran kang lumaris | lawan upêsir sadaya | miwah pra dipati kabèh | myang Dipati Mangkupraja | kang andhèrèk pangeran | ngalèr ngilèn lampahipun | praptèng Pepe guladrawa ||

205. Dhandhanggula

1. kèndêlira pan wismanirèki |

--- 21 ---

Kyai Tumênggung Amangkuyuda | amung punika sênênge | dene polatanipun | pinggir Pepe ing kanan kering | ara-arane jêmbar | wau Pangran Timur | ing Gadhing pakuwonira | mangkya nêdya anunggil kang dèn sênêngi | wismanira Rungbinang ||

2. sampun tamtu kang sami pinilih | wismanira Tumênggung Rungbinang | Pangran Timur pamilihe | pangeran ingkang sêpuh | Mangkuyudan pan wus dèn broki | lawan sabalanira | ing wanci wus surup | bubar Kyai Mangkupraja | sakancane miwah kang para upêsir | tabean lajêng bubar ||

3. amung Lurah Galadhag kang kari | sakancane galadhag sadaya | kinèn saos salamine | datan kawarnèng dalu | enjing prapta bala Kumpêni | jalan kaki sawêlas | rolas kopralipun | têlulas sareanira | ingkang badhe anjaga rina lan wêngi | pangeran pêparentah ||

4. Ki Tumênggung Kudanawarsèki | amondhongi mring kang para garwa | nèng bumi Kônggabayane | budhal sakancanipun | tigang dalu praptanirèki | Kyai Kudanawarsa | ing loji jinujug | anuju kangjêng pangeran | anèng loji kang para garwa duk prapti | uprup anyungga-nyungga ||

5. uprup angaturi sinjang bathik | satêngah kodhi ciyut lan wiyar | manjing sakodhi cacahe | kêling kathah warnèku | langkung suka kang para abdi | kondur sarêng kang raka | praptèng dalêmipun | enjinge lumêbèng pura | pêpanggihan lan ari sri narapati | lawan Ratu Kancana ||

--- 22 ---

6. pinisalin ingkang para abdi | anêniga sinjang lan sêmêkan | Dèn Ayu Sanawatine | puniku garwanipun | Kangjêng Sultan Balitar nguni | apatutan satunggal | inggih ibunipun | Pangeran Mangkunagara | kang sinuhun kèngêtan timurirèki | asring ginulawênthah ||

7. ginagotong marang sri bupati | pinundhutan pangku sêsarean | si nini dawa umure | kapriye ta polahmu | duk kakang mas saba wanadri | binujung ing Walônda | kinêpung ing mungsuh | wus tuwa têka kangelan | ya ta matur Radèn Ayu Sanawati | purwa praptèng wêkasan ||

8. suka gumujêng sri narapati | aku nini akèh utang ingwang | mring sira duk timur kae | akathah tai uyuh | mêngko ingsun amalês nini | pêndhêmu Ngêndho ika | mung kari limang jung | sun wuwuhi pêdhakana | têlung êjung dadi wolung êjung nini | samêngko tampanana ||

9. lan iki nini lungsuran mami | nyamping papat iku padha sutra | tuwa ènthèng panganggone | marêbês awêtu luh | Radèn Ayu ing Sanawati | dene misih kèngêtan | timure sang prabu | wus nyandhak dharan bubaran | Radèn Ayu Sanawati dèn paringi | kêtone wolung dasa ||

10. ya ta wau duk samine prapti | para garwa lan kang nini sigra | ngaturkên angsal-angsale | pasaline sang prabu | miwah Ratu êmas misalin | kang para garwa samya | mring raka umatur | pan amung eyang paduka | bêgja agêng Radèn Ayu Sanawati | sang nata kadi bocah ||

11. anggêgotho [anggê...]

--- 23 ---

[...gotho] angarasi gigir | sêsarean pangkon lumah-lumah | maksih kaya duk timure | kang eyang tuturipun | rayi dika sri narapati | kaya duk timur mana | tan owah sarambut | tyas kadya mas blêg-êblêgan | kadya intên galenteran sri bupati | kula marêbês waspa ||

12. ingsun malês marang sira nini | kathah tai uyuh timur ingwang | pêndhêmu ing Ngêndho kae | kari kang limang êjung | diparo mring Sultan Giyanti | sun wuwuhi prakana | iya têlung êjung | ya wolung êjung kewala | pirangbara bêsuk nini Sanawati | wuwuh panandhonira ||

13. tampanana nini ing saiki | lawan lorodan nyamping sakawan | tuhu kathah pêparinge | kêtone wolung puluh | wau Pangran Mangkunagari | miyarsa têkonira | kang rayi wêtu luh | lah iya môngsa bodhoa | karatone sun buru lawan kiyai | ngrubut ro nora kalah ||

14. dika kinêpung kutha bathithit | têka isih akèh wong kang trêsna | iku bêcike galihe | kang marahi rahayu | bêgja nini ing Sanawati | môngsa liwat ping lima | kuthah tai uyuh | lah iku atining raja | aku mujur iki nyamping nagasari | kang dhasar sutra jênar ||

15. Pangran Mangkunagara praptèki | wontên nagara ing Surakarta | lêt sadina ing lêbête | panggih lan ari prabu | lagya kaping gangsal anuli | wontên surat kang prapta | dêlèr angsul-angsul | kala praptane kang raka | sêrat dalêm yèn ingkang raka wus manjing | nagari Surakarta ||

--- 24 ---

139. Kangjeng Sultan pêpanggihan kaliyan Dêlèr wontên ing Salatiga namtokakên lênggahipun sabin Pangeran Mangkunagara

16. dadya sêrat dêlèr angaturi | ing têdhake kangjêng sri narendra | ambêkta ing raka mangke | mring Salatiganipun | dènnya dêlèr arsa pêpanggih | mring kang Raka Pangeran | Mangkunagarèku | pangeran duk anèng pura | pirêmbagan lan kang rayi sri bupati | badhe mring Salatiga ||

17. lan utusan dêlèr mring Batawi | marang sultan nuwun Danurêja | praptaa Salatigane | lan nuwun rêmbagipun | mênggah Pangran Mangkunagari | sêmbadane jêng sultan | pintên sabinipun | sultan wus paring watara | patang èwu aja kurang aja luwih | dadi santana rosa ||

18. angsul-angsul wus prapta Samawis | dêlèr suka eca manahira | ngundhangi pra dipatine | pasisir ingkang sêpuh | datan kêna sêsambat sakit | tinandhua binêkta | badhe lampahipun | pêpanggihan Salatiga | kawuwusa ing Surakarta Sang Aji | duk lagya pirêmbagan ||

19. ingkang raka tyase sônggarunggi | Pangran Mangkunagara tan eca | kalêthêke jro manahe | wrat wêdalirèng tutuk | ingkang rayi sri narapati | nangguhi yèn dadia | kasangsaranipun | sakenjang anèng jro pura | kongsi bakda ngasar dangu dèrèng mijil | saking

--- 25 ---

sajroning pura ||

20. amarêngi dutaning sang aji | kang dinuta bêkêl kawan dasa | amundhut sabda lampahe | mring Kyai Kuthawindu | wong atapa sayêkti sidik | gêntur lamining gêsang | Ajar Kuthawindu | kadya wruh durung winarah | duta prapta nyai lurah bisik-bisik | umatur ing sri nata ||

206. Sinom

1. sang nata kayogya para | caraka kinèn nimbali | sapraptanirèng ngayunan | kayogya kang raka maksih | caraka dèn kêjèpi | wotsari mangsah mangayun | pranata aturira | pukulun dasih tinuding | amanggihi Ajar Kutha Asthawarsa ||

2. dhawuh ingkang pangandika | Ki Kuthawindu sirèki | nênggih pinundhutan sabda | ing kangjêng sri narapati | mungguh tyasing Kumpêni | marang kang raka puniku | apa iya rangkêpa | iku atining Kumpêni | apa lômba Kumpêni marang kang raka ||

3. yèn Kumpêni arangkêpa | kalêthêk sêdya ngalani | nênggih marang ingkang raka | Pangran Mangkunagarèki | sang nata anglabuhi | mungsuh Kumpêni tan ketung | kèdêka lir bantala | sarambut datan gumingsir | dadya awu kèbêra ing angin gora ||

4. luluh madyaning alaga | langkung karaos narpati | madêg nata kari lola | miwah prajane pinalih | kadange lagi prapti | apisah salaminipun | durung mari onêngnya | yèn Kumpêni angalani | sipat kuping sang nata têmahan nekad ||

5. murwèng asmaradilaga | dadi bubuk tanah Jawi | nora wruh jagad gêmpuran | trêsnane kadang

--- 26 ---

kaèksi | wau duk amiyarsi | Panêmbahan Kuthawindu | gumujêng latah-latah | cukakakan ngêntrok wêntis | sarwi angling mas putu sira matura ||

6. ing gusti sri naranata | katêmênane pun kaki | durunge kang raka prapta | wus kailo mring pun kaki | ing sangkal bolong mêling | malompong katon gumandhul | yèn gunung Lawu rungkad | tangkêp lan gunung Mêrapi | gung aluhur wus dadi ratuning arga ||

7. sapa bisa ngogak-ogak | manungsa masrik lan mahgrib | sayêkti tan ana bisa | mas putu rasakna ugi | pralambange pun kaki | cumêplong ing rèh rahayu | praptane ingkang raka | gustinira sri bupati | anêtêpi ratu sêkti môndraguna ||

8. kasantikaning ayuda | prakosa ngasmarèng jurit | prawira digda sumbaga | kukuh bakuh datan kongkih | waskitha amunahi | nir para ri sudibyanung | nadyan ta ingkang rama | sultan tan dadi salilit | mung ratumu prawirèng jagad wiryawan ||

9. mas putu lah rungokêna | ing êndholku mêngko bêngi | sira dutaning narendra | ujar pamèr aja pangling | lajêng sipêng sawêngi | langkung dènnya sugun-sugun | langkung marang sidikan | kumutug dupanirèki | mukul kêlang kèndêle mangsah mêmuja ||

10. hong ilahèng pujinira | kumudhup kêmbanging urip | manglung-manglung anèng tawang | sun lirik têka ngêbyuki | mêkar puspita bumi | ambahu rumêksèng ingsun | bangbang manguyu dhomas | jawata manglung ngulungi | kang anjurung ambengkas pakewuh ingwang ||

11. linggara [ling...]

--- 27 ---

[...gara] tyase kang ala | Si Dêlèr Nikolas Harting | karia arum kewala | bungkêm cicir kocar-kacir | koming mangkang nêtêpi | Sang Hyang Wisesa wèh ayu | rahayu raganingwang | mukaning jagat ngawêri | kuwur kawur ingkang rawe-rawe rantas ||

12. wus sirêp pamujanira | nulya angajak umijil | sapraptanira ing jaba | mas putu aja kuwatir | gustimu sri bupati | prakara kang raka iku | tulus ing karaharjan | tan ana sawiji-wiji | suka gêrèh pèthèk saking ing kandhutan ||

13. kinarawat lawe abang | cangkêm gêrèh binathithik | punika mas putu benjang | pêndhêmên sangisor kursi | kursine dêlèr benjing | Nikolas Harting ing besuk | nêpsune pêrapatan | kang ala kêdhik kang mijil | yèn mêtua kabèh tan kêna sinôngga ||

14. wus kesah saking langgatan | praptaning wisma alinggih | anèng bale pacrabakan | alon wau dènira ngling | mas putu dadi wakil | apalêna japa iku | besuk ing pasamuan | aja doh lan sri bupati | sabatêke marang dêlèr amandênga ||

15. têdhak Jêng Ratu Kancana | anusul marang pêndhapi | sawab Ratu Mas miyarsa | mênyan ingkang amaringi | dènira amaringi | tigang kati mênyan madu | lênggah kèrining raka | ratu sarya tanya aris | iya kapan têkane Si Tutuskajang ||

16. sang natalon angandika | iya lagi têka iki | ratu ngandika mring raka | basakna kakang mas [ma...]

--- 28 ---

[...s] iki | wèh susah mring kang rayi | kapati prihatinipun | kakang mas alah dita | susahe rayinta aji | yèn luputa linabuhan lara pêjah ||

17. pan botên ngeman nagara | ngeman kadange sawiji | pangeran gumujêng latah | lah ratu kula puniki | lagya wruh antêpnèki | raka dika sang aprabu | yèn sampun kula myarsa | pasthi ical sônggarunggi | sakarsane môngsa ta sagêda oncat ||

18. apa gawe mêlang-mêlang | esuk sore têngah wêngi | sakarsane raka dika | sayêkti têka sumrinthil | manggiha lara pati | aja anuli anêmpuh | raka dika sang nata | tangkang. tuwa ludhêsa dhingin | yèn wus dadi balêthok wuri sumôngga ||

19. lah inggih benjang punapa | ing lampah pênêde nuli | sang nata alon ngandika | inggih kangmas lagi mikir | Sênèn ngajêng puniki | nuju tanggal ping rolikur | dhatêng ing Salatiga | pan inggih sêlaning lagi | Rêbo Paing kadi angkate bicara ||

20. punapa rasukan dika | benjing kangmas yèn pêpanggih | kang raka alon turira | kula inggih kudu lurik | tan kudu bêcik-bêcik | wong alasan patutipun | inggih lurik kewala | ngandika sri narapati | sakarine kangmas bupati andika ||

21. wontêna saking sadasa | kang pênêd prabote sami | mantri jro ingkang prayoga | dianggo kangmas muwuhi | anunggila bupati | kangmas pasamuan besuk | dimène sami bingar | gih Si Kudanawarsèki | kula

--- 29 ---

ingkang paring lorodan rasukan ||

22. baludru wilis renda mas | sawêg kulangge ping kalih | baludrune pêpilihan | anulya pinundhut mijil | lawan lancingannèki | pasmèn mas baludru wungu | kang raka langkung suka | kulanggene jajal dhingin | Si Kudanawarsa puniku nèng jaba ||

23. pangeran anulya mêdal | bopong tadhahan pribadi | sapraptane regol sigra | ngawe Kudanawarsèki | iya jajalên iki | sira pinaring sang prabu | cinoba parêng caplak | mung lambunge sigar jênthik | sêsakipun nanging datan punapaa ||

24. gumêtêr Kudanawarsa | gugupe dènnya nampani | tan anyana pisan-pisan | sang nata kongsi pêparing | mring awak ingsun iki | pangeran sigra lumêbu | tadhahan gya cinandhak | mring nyai kaparak jawi | Pangran Mangkunagara praptèng pandhapa ||

25. umatur botên nyanaa | sêdhêng mung sasigar jênthik | lêlambunge ragi sêsak | têtapi inggih agampil | agêng Kudanawarsi | nanging gèpèng badanipun | sang nata kang sarira | akanthèt sayêkti gilig | wus mèh surup pangeran pamit gya mêdal ||

26. kang rayi paring mring raka | tigang atus reyal anggris | pasangon mring Salatiga | praptane dalêmirèki | wadyane dèn undhangi | iya Sênèn angkatipun | enjing nimbali koja | mundhut kêstop lawan kêsting | bayar satus badhe rasukan punggawa ||

27. ginêlak panggawenira | bupatine sadayèki | pan binabar anyakawan | rasukane kang

--- 30 ---

sinami | wuwusên sri bupati | ngundhangi wadyakuswagung | pan kinêrig sadaya | jaba jro kang pra dipati | amung Radèn endranata têngga pura ||

28. kinanthenan abdinira | kadipatèn sadayèki | liyan punika sadaya | sinuntak wadya prajurit | tuwin kang pra dipati | sadaya binêkta nêngguh | ubêkan sanagara | gung alit samaktèng jurit | pra dipatya sadaya maksih sarkara ||

207. Dhandhanggula

1. budhalira wau sri bupati | pukul wolu saking ing nagara | gumuruh wadyakuswane | wadana jawi ngayun | sèwu bumi ingkang nambungi | agêng lawan panêkar | wadya jro sumambung | kang prajurit kawan dasa | wong saragni namèngyuda dorapati | tamtama ngarsa nata ||

2. wadya kaparak ing kanan kering | kang angambil magêrsari kapang | wadya gêdhong ing wurine | kang raka munggèng pungkur | Pangran Mangkunagara nênggih | wadyane kang turôngga | wontên kawan atus | maksih ngêngrêng barisira | ingkang dharat anggarêbêg para rabi | kang munggèng wuri pisan ||

3. pukul tiga praptèng Bayalali | masanggrahan sadalu sang nata | sawadya budhal enjinge | ing rêndhêng mangsanipun | jawah adrês samargi-margi | dêlèr kang kawuwusa | sampun tigang dalu | praptane ing Salatiga | lêt sadalu Pêpatih Mataram prapti | Dipati Danurêja ||

4. wau lampahe sri narapati | pukul kalih praptèng Salatiga | gumuruh mriyêm urmate | abaris urung-urung | sakathahe wadya pasisir | dêlèr pamêthukira |

--- 31 ---

ing jawi wus tundhuk | tabean arêrangkulan | wadya piyak dêlèr lawan sri bupati | nganti praptaning raka ||

5. ingenggalkên pangran lampahnèki | adhèhan lêmbut ingkang turôngga | rêmpêg lawan prajurite | apajêg songsongipun | gumarêdêg turôngga pipit | dêlèr mèsêm umiyat | alon dènnya muwus | baik tu Mangkunagara | dupi cêlak udhune saking turanggi | dêlèr goyang kapala ||

6. kamiduwung dènnya sangêt cilik | dene sapêrti rare kewala | sigra lampahira tabe | mung wakêt wêtêngipun | lir maesa kalawan kambing | kinanthi asta kiwa | têngên sang aprabu | gumuntur kang mriyêm urmat | drèl sinapan binakta manjing ing loji | sang nata lan pangeran ||

7. sapraptane wus atata linggih | munggèng kursi dêlèr anèng têngah | sang nata munggèng têngêne | pangeran kiwanipun | pra upêsir ingkang nambungi | dêlèr anggung alatah | dene gujêngipun | cilike sariranira | têka dadi prajurit pranata baris | kandêl marang wong Jawa ||

8. ingaturan masanggrahan sami | yèn sampun rêrêm ingkang sarira | nuntên mangkat bicarane | sang nata lajêng kondur | amakuwon sawadyanèki | sang nata masanggrahan | Kalicacingipun | Pangeran Mangkunagara | pakuwone ing gêgunung dèn ênggoni | kidule ari nata ||

9. ya ta antawis ing tigang ratri | dènnya mangun dadining bicara | anèng pasanggrahan [pasanggraha...]

--- 32 ---

[...n] gêdhe | pojok lor kulonipun | kang sininggêt ing gêbyog sami | punika kang kinarya | gêdhong bicarèku | wus sami prapta sadaya | dêlèr ingkang nèng pasanggrahan dhingini | nulya kangjêng susunan ||

10. lan kang raka sarêngira prapti | wau Pangeran Mangkunagara | wus sami tata linggihe | kang munggèng ngarsa Prabu | Adipati Mangkuprajèki | Dipati Danurêja | nunggil jajaripun | Kyai Dipati Samarang | sakancane pasisir kang pra dipati | aglar ing ngarsa ngandhap ||

11. urmat mariyêm awanti-wanti | lajêng larih dêlèr lan sang nata | Pangran Mangkunagarane | myang Kumpêni gung-agung | sampun midêr kang punang larih | watara kaping tiga | nênggih larihipun | dêlèr ngancarani nulya | mring sang nata angantor kalawan malih | Pangran Mangkunagara ||

12. lan Uprup Abraham tumut manjing | dêlèr ambêkta piskal satunggal | kalawan sukêtarise | bakaur Jawa tumut | Kartabasa Bastam tan têbih | sang nata bêkta ingkang | ngampil lopakipun | Apanji Suradilaga | Pangran Mangkunagara bêkta satunggil | amung Mangunrêjasa ||

13. dêlèr kang lèr dènira alinggih | ingkang kidul wau sri narendra | lan uprup munggèng kèrine | pangeran kilènipun | sukêtaris êlère malih | ajajar lawan piskal | anulya sang prabu | alon dènira ngandika | marang dêlèr bapak dêlèr ingsun iki | têtêmu lawan dika ||

14. aprakara Kakang Mas Dipati | Mangkunagara [Mang...]

--- 33 ---

[...kunagara] asrah ing dika | manirèki darma bae | dêlèr alon umatur | gih tarima kasih sang aji | kula tan nêdya ginggang | rèh katêmpuh sêpuh | sukêr arus tanah Jawa | kadi botên pun bapa sagêd gumingsir | nata malih ngandika ||

15. lah suwawi kakang mas dipati | wicantêna ing sakarsa dika | mupung pêpanggihan dhewe | dêlèr nambungi wuwus | gih pangeran ta kadipundi | sukaning manah dika | pangran sigra muwus | nggih tuwan kang kula têdha | bawah kula lami ing Nglaroh Matesih | Gunungkidul Kaduwang ||

16. lan antuka bumi Sukawati | dêlèr muwus inggih amiliha | ingkang bumi kiwa bae | bumi têngên puniku | botên kêna dika ngarani | lawan tuwan pangeran | amung patang èwu | pan wontên adating kuna | kang anama inggih pangeran dipati | patang èwu sawahnya ||

17. Pangran Mangkunagara nauri | inggih lamun samantên kewala | apan batur kula akèh | sayêkti botên cukup | dêlèr sugal dènnya nauri | cukup kalawan boya | kula botên wêruh | kang rayi wruh sêmunira | lamun dêlèr ngolok-olok karsanèki | nguni lupute kakang ||

18. pan anyirêp têgêse sang aji | bapak pinikir ing pamondhokan | bilih tinêmu sarèhe | kakang êmas puniku | kula bêkta makuwon dhingin | sigra sami bubaran | dêlèr langkung rêngu | garundêlan turut marga | lan Danurja binêkta mundur mring loji | wuwusên sri narendra ||

--- 34 ---

19. ingkang raka wau lajêng ngiring | ingkang rayi gunêm pasanggrahan | sang nata pangandikane | kakang mas dêlèr wau | badhe ngolok-olok sayêkti | lupute kakang êmas | ingkang wau-wau | sang nata amundhut sêrat | ingkang saking jendral lan para radpêni | mring pangeran tan arsa ||

20. wa makatên langkung sri bupati | yèn akarsa têtulung kang raka | Kumpêni botên dahuwèn | pangeran duk andulu | surat saking nagri Batawi | wus ical manahira | kari samarutu | aturipun mring sang nata | inggih kula puniki sayêkti gampil | rèhning suwitèng raja ||

21. nadyan botên pinaringan nênggih | môngsa nêdya ginggang lan sang nata | sampun ta mênggah ing mangke | pinanci kawan èwu | sri narendra ngandika aris | inggih ta kakang êmas | dèn narima sukur | mring titah Sang Maha Mulya | kula ingkang pasthi tur angudanèni | cukup kalawan kirang ||

22. asal sampun amanggih rêrênggi | kakang êmas ing môngsa punika | linêgakakên atine | pan amung tulusipun | sampun wontên sawiji-wiji | ing panjênêngan kula | kang raka umatur | kula puniki susunan | lêbur luluh dadosa lamak sayêkti | ing jênêng padukendra ||

23. angandika kangjêng sri bupati | benjing enjing kang mas sampun kathah | dika muwus maring dêlèr | dêlèr kula satuhu | jêr suwita ing sri bupati | sampun ta pinaringan | sawah patang èwu | nadyan botên pinaringan | sawah sajung

--- 35 ---

môngsa nêdyaa gumingsir | rèhning katêmpuh tuwa ||

24. asal tulus jênênge sang aji | môngsa botên kinira-kiraa | wong amomong kadang anèm | lola umadêg prabu | botên wontên ngamping-ampingi | anuntun karaharjan | tuwa wajibipun | sampun kangmas kathah-kathah | pan puniku pakolèh anêrambahi | kang rakatur sandika ||

25. sampun bubar wus dadi kang pikir | ingkang raka makuwon sadaya | pangeran langkung ngungune | bêbudènira prabu | têmpak lair alandhêp batin | tan kêna jadha-jadha | ratu tyase wahyu | nora kêna pinapadha | dhingin wingi mangkenea bae uwis | tan ngêkèhkên mêmaras ||

26. ya ta kunêng kang winuwus malih | dêlèr dalu manggil Danurêja | lan Dipati Samarange | Nikolas Harting tuhu | runtikira anrus ing batin | mulat wong ngangkak-angkak | nêpsune kumrutug | cipta lamun tanah Jawa | ingkang pasthi iya angrêgêdi bumi | pikir kang tanpa ngrasa ||

27. sapraptanira bupati kalih | wus binêkta munggah nglotèng sigra | wus tata palinggihane | dêlèr asru amuwus | hèh Danurja praptanirèki | gawa prajurit pira | Danurja sumaur | tuwan wong kula piyambak | gangsal atus jêng sultan dènnya bêktani | prajurit jro akathah ||

28. prajurit jro ingkang para mantri | têtindhihe pun Ranadirada | prawira sêkti malihe | pangiriding katanggung | Jadirana Jayasurèki | prajurit jagabaya | miwah nirbayèku |

--- 36 ---

wirabraja brajanala | têtindhihe Kapitan Samangun bugis | Rôngga Jayapramuka ||

29. kadi wontên dhomas langkung kêdhik | prajurit jro ingkang kula bêkta | pêpilihan sadayane | tiga bupatinipun | prajurite nêmatus pasthi | Tumênggung Martalaya | Kartanadinipun | lan Rôngga Prawiradirja | punggawa tri pamuk manggalaning jurit | dêlèr mèsêm lingira ||

30. sapa bupati ingkang abêcik | wong pasisir alon saurira | Adipati Samarange | tuwan kabèh kang tumut | inggih sampun kula pilihi | kalih sadhèrèk kula | ing Lasêm lan Kudus | pun Dêmak miwah pun Kêndhal | inggih sami pênêd dèrèng angoncati | sabên yèn wontên karya ||

31. kêstabêle sami dèn wuwuhi | ngegosakên ing mariyêmira | mrih pratitisa tibane | marang pakuwonipun | Pangran Mangkunagara benjing | Danurja mèsêm mojar | tuwan yèn puniku | datan kongsi makatêna | kang anganthi putra dika sri bupati | kula ngandêl kewala ||

32. wêwatêke ratu kula lami | alus alêmês tyasira ngambar | angrêbuti wêwekane | dhap asor ngumalarum | apêsaja ing rèh sakalir | sayêkti katangsulan | kang raka puniku | pasthi benjing enjing beda | têmbungane Pangran Mangkunagarèki | katut ing ari nata ||

33. dêlèr mèsêm iya benjing enjing | tinitenan pamêthèkmu iya | lamun salina têmbunge | bênêr kuwasanipun | Sri Narendra Surakartèki |

--- 37 ---

dalu sami bubaran | malih enjingipun | dêlèr ngundhangi siyaga | ing wadyagung wus aglar baris Kumpêni | tuwin kang baris Jawa ||

34. wus samêkta bupati pasisir | miwah Adipati Danurêja | pra dipati sakancane | nunggil panggenanipun | lan pasisir anunggil baris | Bupati Surakarta | sowan sadayèku | tan kantun sabarisira | wus samêkta wau kangjêng sri bupati | budhal lawan kang raka ||

35. saking pakuwon ing Kalicacing | sènès rakit bala Surakarta | tuwuh pangati-atine | winangsitan wadyagung | ingkang raka lan pra dipati | kagungan sri narendra | waos pêdhang dhuwung | kang angampil wong Kaparak | sinalinan kang angampil mêmilihi | prajurit kawan dasa ||

36. ingkang gagah-gagah prakosèki | kang abagus-bagus binusanan | dene wadya kaparake | sadaya kinèn kumpul | ing wadana kaliwonnèki | kang kenging kêkampuhan | amung mantrinipun | kabèh sikêpa gêgaman | panèkête anindhihi ngapalani | prajurit danasmara ||

208. Asmaradana

1. sigra budhal sri bupati | kumrutug wadya kumêrab | owah kang wadya tangkêbe | amuwuhi kaprayitnan | miwah wau kang raka | kadya wong krura sumêngkud | bayak ing prajurit maha ||

2. barise wadya pasisir | miwah baris ing Ngayogya | tinunjang ingilês bae | sadaya waos linigan | tan wontên kang sarungan | Bung Ampèl Galathik Mungup | myang kang sikêp waos [wao...]

--- 38 ---

[...s] benang ||

3. kang garêbêg sri bupati | tan ana wong kêkampuhan | sami prajuritan kabèh | sapraptane ing panggonan | dêlèr mêthuk ing jaba | tundhuk lawan sang aprabu | lajêng mring gêdhong bicara ||

4. tan owah pan kadya wingi | dêlèr dènira anggawa | piskal lan sukêtarise | miwah bakaure Jawa | Ki Bastam Martabasa | tuwin wau sang aprabu | myang Pangran Mangkunagara ||

5. wus tata dènira linggih | kadi sabên datan owah | gumuntur mriyêm urmate | miwah drèl ingkang sinapan | kadya prabata bêntar | wau kang wus tata lungguh | kang anèng gêdhong bicara ||

6. dêlèr kang miwiti angling | mring Pangran Mangkunagara | kadipundi ta ing mangke | dadine pikir andika | mungguh pratikêl kula | inggih sabin patang èwu | dika tulus botên tômpa ||

7. pangeran alon nauri | kula puniki pan gampang | rèhning amomong sang katong | botên ngarêp-arêp sawah | sampun ta pinancenan | inggih sawah patang èwu | nadyan botên sinabinan ||

8. môngsa nêdyaa gumingsir | lola katêmpuh ing tuwa | panjênêngane sang katong | sintên ingkang ngampingana | dènira tanpa yayah | nêdya nuntun ing rahayu | sawaha satus kewala ||

9. yèn sarta tuduh Kumpêni | kula nglakoni kewala | pan inggih botên kumêdhèp | inggih pirabara benjang | dêlèr alatah-latah | puniku pikir satuhu | sangêt ing panrimaningwang ||

--- 39 ---

10. cêkêl tangan dèn urmati | larih midêr kaping kalih | mêdal sami alok use | sami alênggahan jaba | tinata pra dipatya | larih mayêng wantu-wantu | urmat putus ing bicara ||

11. pangeran sampun atampi | gih kawan èwu kang cacah | tan ana pagaweane | dhahar aguling kewala | yèn kirang kang dhinahar | miwah kirang sandhangipun | nuwuna ing ari nata ||

12. miwah nêdha ing Kumpêni | têtêp dadi pêpunjungan | kalawan wau namane | tinêtêpakên kewala | Pangeran Adipatya | Mangkunagara jêjuluk | Senapati ing Payudan ||

13. kalawan dènira linggih | satata kalawan raja | amung sakêdhik kacèke | kursi kalawan amparan | miwah kang upacara | winênang sakarsanipun | mirib upacarèng raja ||

14. lawan ingkang songsong kuning | pinarêmas pan kalilan | lawan ing sapanginggile | sajênênge ari nata | pait milu paita | yèn arum milua arum | upamane Krêsnarjuna ||

15. ari manis milu manis | yèn papaa myang wibawa | têka katut milu bae | mupakat sinungan urmat | têgêse tur minôngka | plêkat prajanjeyanipun | mariyêm muni gumêrah ||

16. sinampurnèng para pikir | sadina dènnya drawina | amarêngi ing Kêmis Pon | Madilakir salawe prah | maksih Jimakir warsa | gêgawane kang pinundhut | Pangran Arya Mangkuningrat ||

17. lan pangeran anom sami | lan Radèn Adikusuma |

--- 40 ---

Tumênggung Pringgalayane | pinundhut ing ari nata | ingkang maringi sawah | dene ta pakaryanipun | maksih anunggil kang raka ||

18. mung kang pinundhut sayêkti | Rahadèn Adikusuma | lawan kêkalih kadange | sami pinundhut mring pura | winor ing panakawan | katri têtilaranipun | Pangeran Adiwijaya ||

19. kang sêpuh pinacak nênggih | mayor prayayi santana | wau ing surup bubare | sang nata badhe budhalan | duk anèng Salatiga | wolung dina pitung dalu | dêlèr kathah sungsungira ||

20. Pangran Mangkunagarèki | akathah pinisungsungan | busana mring tuwan dêlèr | dêlèr nuwun sadina kas | nutugakên kasukan | ing punika sang aprabu | lajêng dènnya pêpamitan ||

21. tabean rangkulan sami | myang Pangran Mangkunagara | datan kawarnèng dalune | enjinge têngara budhal | Upêsir ing Samarang | kang ngatêr ing Bayawangsul | nênggih upêsir sakawan ||

22. dêlèr antara sawêngi | budhal mantuk mring Samarang | bupati pasisir kabèh | Adipati Danurêja | mantuk marang Mataram | wau kondure sang prabu | Saptune praptèng nagara ||

140. Pangeran Mangkunagara besanan kaliyan Tumenggung Kudanawarsa

23. Dipati Mangkuprajèki | sakancane pra dipatya | kinèn amikir nuntêne | nênggih sawahe kang raka | Dipati Mangkupraja |

--- 41 ---

miwah kang para tumênggung | seba Kamangkunagaran ||

24. sarta kinèn angladosi | kasukane ingkang raka | dhadhu kêmiri lan kècèk | miwah paksi lawan sata | sagung kang pra dipatya | tangkêbe tan prabedèku | lawan ngladosi sang nata ||

25. Dipati Mangkuprajèki | matur mring kangjêng pangeran | èstune wau karsane | sabin kawan èwu mangkya | tanah pundi kinarsan | jêng pangeran lingirarum | ya têlung èwu kewala ||

26. urut Laroh lan Matesih | lan Gunungkidul Sêmbuyan | Matesih sapangidule | Nglaroh sapangalorira | Gunungkul Sambuyan | ya gênêpa têlung èwu | sèwu Kaduwang kewala ||

27. dene Kaduwang kang kari | limang atus misih bêra | iya sun urip-uripe | iku sun gadhuh kewala | wusnya sah kang pitungkas | tan alami sampun katur | ing Pangran Mangkunagara ||

28. yèn kang tigang èwu sabin | Matesih Nglaroh Sêmbuyan | Kaduwang patang èwune | sang nata maringi bandar | ing Gawok lan ing Taman | lan sagung wêwêngkonipun | Matesih Nglaroh Sêmbuyan ||

29. miwah Kaduwangirèki | isi pasar pira-pira | sadaya pinaringake | wau Pangran Mangkuningrat | wus sami pinaringan | sabinipun gangsal atus | rongatus gadhah Pacitan ||

30. pangran anom mantunèki | nama Radèn Wiratmaja | wus kawan atus sabine | Rahadèn Adikusuma | satus ari kalihnya | anyèkêt ing sabinipun |

--- 42 ---

ngiras maksih manakawan ||

31. Pringgalaya pan kinardi | sèwu majêgan Mataram | wus sami eca galihe | mangkana anggung kasukan | Pangran Mangkunagara | wong Surakarta sumuyud | aprasasat ari nata ||

32. pêpatih lan pra dipati | tuwin sagunging santana | kadya pasthi pasowane | ing Rêbo kalawan Ngahad | sebèng Mangkunagaran | anggung kasukan anayub | Pangeran Mangkunagara ||

33. ing Saptu watang miyosi | mantrine kang kawan wêlas | kang sami watangan dhèrèk | lima lan Kudanawarsa | nagari wuwuh arja | bubar watang sang aprabu | animbali ingkang raka ||

34. pukul sanga wêdalnèki | sabên Saptu pan mangkana | Pangran Mangkunagarane | mangkana asalin wulan | Rêjêb kaping sakawan | pangeran dènnya mêmantu | besane Kudanawarsa ||

35. putrèstri Dèn Ajêng Sawi | pinaringkên Bagus Budhal | wong Mangkunagaran kabèh | tugur nèng Kudanawarsan | dalême jêng pangeran | timbalane ari prabu | sagunging wadana jaba ||

36. samya tugur jalu èstri | Adipati Mangkupraja | pra dipati sakancane | akathah sêsumbangira | sabên dalu kasukan | miwah sira tuwan uprup | pan anggung tumut kasukan ||

37. lan akathah sumbangnèki | tuwin Dêlèr ing Samarang | inggih prapta sêsumbange | akathah awarna-warna | pangeran langkung suka | adhadhag wardayanipun | ing antêpe ari nata ||

38. mung urun dalêmirèki |

--- 43 ---

aprasasat sri narendra | kang atugur pêpatihe | lan sagung kang pra wadana | Sênèn Lêgi aningkah | bubar ningkah lajêng nayub | santana pêpak sadaya ||

39. para mantri kang ngladèni | kaliwon kang ngirid samya | gumuruh mriyêm swarane | sadalu malah kongsi byar | enjing Ki Mangkupraja | bêkta pangantèn lumêbu | ingujungakên mring pura ||

40. praptèng byantara narpati | wusnya ngujung mring sang nata | miwah Ratu Kancanane | lajêng pinaringan nama | pangantèn ing sang nata | anama Radèn Tumênggung | anênggih Suryakusuma ||

41. winalungsung wêdalnèki | mangkana Ki Adipatya | Mangkupraja sawêdale | angirid wau praptanya | ing Kamangkunagaran | dhawuhkên timbalan prabu | pangantèn pinaring nama ||

42. ing ari paduka aji | Radèn Tumênggung namanya | nênggih Suryakusumane | pangeran kalangkung suka | tuwin Kudanawarsa | langkung dhadhag ing tyasipun | yayah amarwata suta ||

43. nulya ing antara malih | salin wulan sasi Ruwah | nuju sapisan tanggale | pangeran nganyarkên ningkah | putra pambajêngira | kang antuk Radèn Mas Guntur | nguni panggih anèng wana ||

44. tan ngangge dèn sidhêkahi | anuju binujung mêngsah | milane karsanya mangke | winangun kang sidhêkahan | rinêngga winiwaha | tan pae kadya ing wau | tinuguran pra dipatya ||

45. pasumbang wong sanagari | kathah pêparinging nata | miwah uprup lawan dêlèr | kathah pasumbange prapta |

--- 44 ---

tumplêk kang pra santana | nèng Mangkunagaran tugur | anggung amboga drawina ||

46. pan sawulan pisan nênggih | Ruwah pangran adipatya | andina ngecakkên tyase | kasukan lan pra dipatya | tuwin kang pra santana | kèndêl Siyam wulanipun | amarêngi ping sadasa ||

141. Pangeran Pancuran seda. Putra-putranipun dipun kukup Kangjeng Sunan

47. miwah taune Jimakir | sêrat prapta sing Samarang | dêlèr tur priksa ing mangke | yèn Pangran Tirtakusuma | nênggih Pangran Pancuran | seda nèng Samarang Saptu | wulan Siyam tanggal astha ||

48. sumanggèng karsa sang aji | mênggah layone kang raka | miwah ing satêtilare | putrane inggih punika | tiga kang para kadang | sang nata kagyat angungun | animbali ingkang raka ||

49. lawan uprup dèn timbali | sapraptanira ing pura | anulya pinirsakake | sêrat kang saking Samarang | sang nata angandika | kula kangmas langkung ngungun | Kakang Mas Pangran Pancuran ||

50. tan wontên wartining sakit | mangke ta têmahan seda | kang raka umatur alon | inggih sampun karsaning Hyang | wêwatêsaning ajal | kalêbêt pocapanipun | wong nyêrèt umure cêkak ||

51. kalêbêt lêksana

--- 45 ---

kêdhik | punika raka paduka | inggih botên pêjah longong | sang nata malih ngandika | iki uprup karsèngwang | kabèh têtilaranipun | sun jaluk marene iya ||

52. sagarwa putranirèki | miwah kadange têtiga | padha ngumpula marene | ingsun ingkang kawajiban | iku angingonana | pun uprup alon umatur | punika langkung prayoga ||

53. sang nata sigra nimbali | Adipati Mangkupraja | lawan punggawa malihe | Tumênggung Sasradiningrat | kalih prapta ngajêngan | angandika sang aprabu | hèh Mangkupraja saosa ||

54. pomahan santana katri | nuli sambutên dèn enggal | aja doh lawan kadhaton | sakuloning kang pomahan | bocah sun suranata | kang badhe ngênggoni iku | Kakang Mas Toyakusuma ||

55. Kangmas Warihkusumèki | Kang êmas Ranukusuma | Ki Mangkupraja wotsinom | pukulun inggih sandika | prabu malih ngandika | Sasradiningrat sirèku | saosa marang Samarang ||

56. dene ta lakunirèki | kang wus muni layang ingwang | aprakara ing sedane | Kangmas Pangeran Pancuran | têtinggale sadaya | garwa putra kadangipun | sun pundhut marene padha ||

57. kakang mas dika nganthèni | lakune Sasradiningrat | kang raka sandika ture | inggih pun Ranadipura | kapalan tigang dasa | lan kêkalih mantrinipun | turônggane anyadasa ||

58. Mangkupraja sigra mijil | lan wau Tumênggung [Tu...]

--- 46 ---

[...mênggung] Sasra | prapta ing jawi kalihe | Tumênggung Sasradiningrat | lajêng pamit siyaga | Dipati Mangkupraja wus | parentah ing pra dipatya ||

59. yèn badhe anambut kardi | Adipati Mangkupraja | angirid punggawa kabèh | jênêngi akarya prênah | sakilèn Suranatan | cinêngkal lajêng wus dinum | Adipati Mangkupraja ||

60. asring jênêngi pribadi | milane kang nambut karya | gupuh sami mrih rikate | wus ambanjêng wismanira | rêrêsikane pundhat | wuwusên ingkang lumaku | Tumênggung Sasradiningrat ||

61. lawan Ranadipurèki | urunan Mangkunagaran | sikêp pitu kapalane | ing marga tan kawursita | wus prapta nèng Samarang | pêpanggih lawan gupêrnur | tinampèn surating nata ||

62. sinuksmèng driya kadugi | dêlèr sigra pêparentah | sawarnine têtilare | wau Pangeran Pancuran | kinèn angumpulêna | miwah kadange têtêlu | wus kinèn mêcah kaluwak ||

209. PocungTeks asli: Pucung.

1. layonipun Pangeran Pancuran sampun | munggèng ing bandhosa | badhe linajêngkên mangkin | mring Mataram kaliwon kalih lumampah ||

2. nguni prabu bêktani salawatipun | miwah ingkang raka | Pangran Mangkunagarèki | mantri gêdhong wêwolu ingkang ambêkta ||

3. ngirid laku kêkalih kaliwonipun | praptaning Mataram | wus pinêtak layonnèki | ingkang kantun wus budhal saking Samarang ||

4. putranipun Pangran Tirtakusumèki | pawèstri satunggal | nama Dèn Ajêng [A...]

--- 47 ---

[...jêng] Kayati | kadang èstri satunggal Dèn Ayu Lanjar ||

5. lampahipun Sasradiningrat Tumênggung | lan Ranadipura | andhèrèkkên radèn katri | tan kawarna ing marga prapta nagara ||

6. praptanipun ing loji ingkang jinujug | nuju akasukan | Pangran Mangkunagarèki | pra santana sadaya myang pra dipatya ||

7. jaba ing jro tuwin ta pêpatihipun | horêg praptanira | Tumênggung Sasra angirid | pra santana katri kang saking Samarang ||

8. uprup mêthuk ing jawi sampun atundhuk | binêktèng jro sigra | tinêdahkên amurugi | mring kang Raka Jêng Pangran Mangkunagara ||

9. sami ngujung rinangkul lungayanipun | aganti katiga | nulya mring kang raka kalih | kinabêktèn Pangran Arya Mangkuningrat ||

10. nulya wau salaman lan malihipun | Pangran Dinagara | Pangran Adiwijayèki | nulya lawan Adipati Mangkupraja ||

11. lajêngipun pra dipati sêpuh-sêpuh | Ki Puspanagara | Rungbinang Wiradigdèki | lajêng lawan para tumênggung sadaya ||

12. ya ta wau wontên timbalan sang prabu | ngenggalakên sigra | ing praptane radèn katri | uprup lawan pangeran sami ngandikan ||

13. sampun munggèng pandhapa wau sang prabu | uprup lan kang raka | lan kang prapta radèn katri | sapraptane kadhaton panggih sang nata ||

14. lajêng gapyuk salaman lawan sang prabu | rèh andarpa cipta | wau sira [si...]

--- 48 ---

[...ra] radèn katri | panggih lawan sang nata kadya supêna ||

15. wus alungguh pangeran kalawan uprup | rahadèn katiga | nunggil dènira alinggih | Pangran Adinagara Adiwijaya ||

16. ngajêngipun Dipati Mangkuprajèku | sang nata têtanya | ing yuswane radèn katri | katur sami kang sami lawan narendra ||

17. taunipun Radèn Ranukusumèku | tan pati têbiha | iring-iringan kang warsi | wus mangkana Tumênggung Puspanagara ||

18. kinèn wau angirid radèn katêlu | mring saosanira | ing dalême radèn katri | kèrid marang Tumênggung Puspanagara ||

19. kadangipun èstri Dèn Lanjar ranipun | ing Pangran Pancuran | Pangran Mangkunagarèki | nuwun ing sang nata wontêna ing kula ||

20. sang aprabu nglilani panuwunipun | ature kang raka | mênggah ing jodhone benjing | kula botên kuwasa sumanggèng nata ||

21. sang aprabu inggih kangmas gampilipun | kang wontên ing kula | kangmas amung Si Kayati | mung putrane Kangmas Pangeran Pancuran ||

22. kang puniku dadi putri jro kadhatun | yèn jodhone benjang | sayêkti sami pinikir | inggih amrih ngularakên kang prayoga ||

23. sampun tamtu uprup lan pangeranipun | mêdal saking pura | tuwin sagung pra dipati | ya ta kunêng nagari ing Surakarta ||

--- 49 ---

142. Kangjeng Sultan mundhut wangsulipun ingkang Paman Adipati Natakusuma tuwin sanès-sanèsipun ingkang sami kakendhangaken dhateng ing Selong

24. kang winuwus nagari ing Ngayogyèku | duk sultan utusan | dhatêng nagari Batawi | kang ingutus apan Walandi kewala ||

25. lampahipun kangjêng sultan suratipun | mring gurnadur jendral | bêbukane punang tulis | pan amundhut Dipati Natakusuma ||

26. malihipun kang raka tilaranipun | Pangran Dinagara | miwah pangeran ngabèi | anêniga nèng Selong sami diwasa ||

27. tilaripun pangran ngabèi rumuhun | nguni sampun nama | inggih pangeran ngabèi | duk binucal sarêng ingkang paman-paman ||

28. mangkya sampun anglêgani pan gurnadur | sultan panêdhanya | jendral sampun anuruti | kinirimkên sadaya maring Samarang ||

29. kang tinuduh mêthuk apan Mayor Dungkur | binêktan punggawa | sakawan santana kalih | Pangran Natakusuma lan Pakuningrat ||

30. malihipun Rôngga Prawiradirjèku | miwah Martalaya | lan Tumênggung Kartanadi | sakawane Tumênggung Jayasudirga ||

31. dene wau Pangran Natakusumèku | binêkta nirbaya | miwah wong jagabayèki | jagasura wirabraja brajanala ||

--- 50 ---

32. mantrine jro salawe prah ingkang tumut | tri atus sadaya | prajurit jro kang umiring | lampahipun Pangeran Natakusuma ||

33. budhal esuk lampahira Mayor Dungkur | kang angiring samya | gêgamane pra dipati | lan prajurit ing jro cacahing turôngga ||

34. duk ginunggung kuda sèwu kawan atus | prajurit kang dharat | nêmatus pan botên luwih | Dungkur bêkta dragundêre salawe prah ||

35. lampahipun ing marga datan winuwus | wus praptèng Samarang | kèndêl dêdamêl pangarsi | pacak rakit munggèng satêpining marga ||

36. wuri tambur suling munya Carawangsul | gêgaman kang prapta | sri busananing prajurit | prajurit jro Pangeran Natakusuma ||

37. dêlèr mêtu anèng palataran dulu | ngiras pamêthuknya | Pangran Natakusumèki | Pangran Pakuningrat lan para dipatya ||

38. sami mudhun saking ing turangganipun | nganthi senapatya | Pangran Natakusumèki | samya ngadêg ngarsane baris pangarsa ||

39. dêlèr muwus bapak dipati dèn gupuh | liyat tu yang prapta | punya nak samuanèki | sigra nyêlak marang dêlèr sang dipatya ||

40. eram dulu sang adipati tanyarum | Anak Adipatya | Samarang wong Jawa mangkin | salin lagu dènnya anata gêgaman ||

41. Ki Posliyun Suradimanggala matur | inggih salin alam | Pangran Arya Mangkubumi | duk maksihe kalane amangun yuda ||

42. rakitipun baris Kumpêni pan sampun | duk wontên ing wana |

--- 51 ---

gawat pamasanging baris | yèn tinêmpuh amêncar ngamuk marênca ||

43. mungsuh agung wong akêdhik bisa ngêpung | pothèt gêlaring prang | Pangran Arya Mangkubumi | madêg sultan pasanging rakit binêkta ||

44. têtanyarum anak dipati puniku | ngèndêli punapa | matur Dipati Samawis | mila kèndêl kang songsong ijêm sakawan ||

45. kang apayung pêthak satunggil gêng luhur | Pangran Pakuningrat | Radèn Ônggadiwiryèki | punapa ta pandung ing putra sampeyan ||

46. duk angrungu radèn dipati kumêpyur | waspa darodosan | Si Jomblo têka gêng inggil | pan ing nguni wong kaya Ôngkawijaya ||

47. mêngko agung aluhur kadadènipun | kadya Baladewa | siyagane mêmêdèni | alon matur wau Dipati Samarang ||

48. kang asongsong ijêm sakawan puniku | pan sami punggawa | Tumênggung Ranadimurti | Martadirja Kartanadi Martalaya ||

49. cacahipun para tumênggung kang mêthuk | sampeyan punika | sakawan kang pra dipati | santanane kêkalih para pangeran ||

50. pêsiripun satunggil pun Mayor Dungkur | kèndêle punika | angêntosi senapati | anèng Buntas Pangeran Natakusuma ||

51. dêlèr muwus si bapak punapa pandung | marang putra dika | Si Ônggadiwirya nguni | tuwa pundi puniku inggih lan kula ||

52. sauripun tuwan ing watawisipun | botên kaot kathah | nging sêpuh tuwan sakêdhik | kala dika nguni wontên Wanakarta ||

--- 52 ---

53. ya ta wau salomprèt ingkang karungu | sasêle nèng ngarsa | Carabalèn munya wuri | pan kumrutug pêtêng magêrsarinira ||

54. prajurit jro kabèh magêrsarinipun | atusan kaparak | nirbaya jagabayèki | wirabraja brajanala kartiyasa ||

55. yutra mandhung nyangkraknyana martalulut | wong udamanggala | panamèng angapit-apit | prajuritan rêspati ingkang busana ||

56. bajonipun Pangran Natakusumèku | baludru rêng pelag | akait têpung binudir | pan ingore lunglungan burdir sacêngkang ||

57. songkokipun cêmêng ginarudha gêrus | winurti renda mas | amojah ijêm kasturi | alancingan baludru wungu pasmèn mas ||

58. dhapuripun pêkik sangêt ringkihipun | manis ulat ladak | kadya Bambang Parikêsit | duk cangkrama nèng laut titihanira ||

59. rata wungu pangirid sad pada satus | langlang ing samodra | mangkana wontên ningali | wong Samarang atitip têpining marga ||

60. lir sinawung kudane lan Mayor Dungkur | arja songsong pêthak | turangganira sêsirig | sarwi êsês lan Mayor Dungkur pocapan ||

61. dêlèr muwus lah sintên bapak puniku | pangeran kang prapta | pangeran gêdhe puniki | pêpatih jro pangran kapala bicara ||

62. mêngko pandung si bapak mring anakipun | Si Sumadiwirya | lurah mantri anom nguni | cêblung dika kang ladak Radèn Supama ||

63. dika masuk sampun dika tumut mêthuk | nulya [nu...]

--- 53 ---

[...lya] kur-ungkuran | dêlèr lawan sang dipati | Mayor Dungkur lan Pangran Natakusuma ||

64. sami mudhun saking ing turangganipun | tundhuk têtabean | lan Dêlèr Nikolas Harting | sagung baris munya drèl sênapanira ||

65. rame barung Kodhokngorèk Kalaganjur | swaranya gumêrah | kontrag nagari Samawis | dêlèr dangu rêrangkulan cêciuman ||

66. ya ta wau radèn dipati andulu | alon atêtanya | marang Dipati Samawis | anak Adipati Suradimanggala ||

67. gêndhingipun putranta sultan puniku | duk maksih nèng têba | wong gêdhe lamun pêpanggih | urmatipun cara paguting ayuda ||

68. langkung ngungun sang adipati angrungu | gih botên kadosa | Pangran Arya Mangkubumi | undhagi rèh barang asmaradilaga ||

69. sami mundur wau pangintipirèku | marang palênggahan | Natakusuma Dipati | lênggah lan Dipati Suradimanggala ||

70. dêlèr mundur angirid têtamunipun | prapta tata lênggah | Pangran Natakusumèki | Pakuningrat tinuduhakên mring bapa ||

71. duk andulu pangeran kalih andulu | sarêng ngrangkul pada | kakang adhi kanan kering | ting salênggruk tangise kadi supêna ||

72. pan adangu kang rama dhêluk angukruk | gantya pra dipatya | sakawan sami ngabêkti | mundur sami ing palênggahan wus tata ||

73. pra tumênggung sakawan ingkang dinangu | namane kalawan | ing kawijilane sami | dènnya pantês amrajuriti sadaya ||

74. matur [ma...]

--- 54 ---

[...tur] lamun kang kêkalih wijil Kêdhu | Mangkudirja lawan | Tumênggung Ranadimurti | wijil Sukawati kêkalih punika ||

75. ingkang sêpuh Tumênggung Martalayèku | kang anèm punika | pun Tumênggung Kartanadi | sami andêl tumut bêbakal karajan ||

76. lirikipun ki adipati angungun | punggawèng Ngayogya | patut-patut mrajuriti | asêmbada bagus-bagus rowa rikat ||

77. pra tumênggung dene padha wijil dhusun | solahe sêrigak | ngarèkakên wong nagari | duk ing nguni pra Dipati Kartasura ||

78. aturipun Pangran Natakusumèku | punggawèng Ngayogya | inggih sakawan puniki | sami pamuk sami manggalaning aprang ||

79. kang mêjahi Mayor Kalèrêg rumuhun | duk prang ing Pajênar | gih pun Adhi Kartanadi | kang mêjahi Kapitan Uce punika ||

80. gih pun Kakang Tumênggung Mangkudirjèku | sami andêl ing prang | sami julig aprang wêngi | ingkang rama angungun pamirsanira ||

81. dêlèr muwus anambungi tutur-tutur | bapak punya anak | satunggal prawirèng jurit | langkung wantêr Pangran Arya Natabaya ||

82. pan puniku yèn panjanga umuripun | langkung dèn la-êla | pan asring kinarya wakil | senapati paprangan sêsilih sultan ||

83. ngambil mantu dhasar santana ingugung | Pangran Natabaya | sampun kasumbagèng jurit | tan kumêdhèp nadhahi Mangkunagara ||

84. Mayor Dungkur alon anambungi tutur | Upêsir Ngayogya | yèn ngalurug dèn tindhihi |

--- 55 ---

Pangran Natabaya prasasat jêng sultan ||

85. pêjahipun Pangeran Natabayèku | sultan kawigaran | sungkawa kapati-pati | patang côndra datan kêna siniwaka ||

86. karya kuwur nagari Ngayogya bawur | dene ratunira | tan antuk nadhah aguling | wayang wuyung kongkalan andanasmara ||

210. Asmaradana

1. Pôncadakara Narpati | sèwu siwuhên jêng sultan | sabawa kawibawane | siniwi supe kasipat | pusêk pasuk kapasak | bangun mangungun winangun | linali-lali kèlingan ||

2. Gupêrnur Nikolas Harting | hèh Pangran Natakusuma | Si Dungkur liwat marase | wruh wêwatakane sultan | manawi kalantura | ingsun dèn iri ngrêrapu | liliha rêntênging driya ||

3. ngong kirim layang ping kalih | ngaturi sultan toleha | iya marang karatone | pikire kang kathah-kathah | Sang Prabu Surakarta | padha milua ngrêrapu | rêntênge kang rama sultan ||

4. jêng sultan mathêm ing galih | maring Pangran Natabaya | santana dadya mantune | dhasar prawira ngayuda | titi mungkasi karya | Pangran Natakusuma rum | umatur marang kang rama ||

5. ingkang cinatur puniki | Pangran Arya Natabaya | pun Adhi Dèn Bagus Komplo | Dipati Natakusuma | tumungkul rawat waspa | pira ta lawasirèku | ing patine arinira ||

6. kang putra umatur aris | kados sampun kawan wulan | sigra sumambung idêlèr | pan sarwi amêndhêt sêrat | kang saking kangjêng sultan | gangsal wulan têtêpipun |

--- 56 ---

amung kirang limang dina ||

7. wus sami petungirèki | Pangeran Natakusuma | nutugakên caritane | putra paduka duk pêjah | konduran saking aprang | mukul mêngsah Wukirkidul | tumpês Pangran Madukara ||

8. karaman kang madêg baris | gêmpur saking adhi êmas | kalih bêlah pêpatine | dene kang nungkul binônda | kacandhak jroning aprang | agêng alit pitung puluh | binêkta dhatêng Ngayogya ||

9. saunduripun pun adhi | anyandhak sakit punika | dilalah praptèng ajale | kontrag nagari Ngayogya | sultan langkung sungkawa | ing nagara têmah bawur | sultan tan nadhah anendra ||

10. alami datan anangkil | sultan kantos gangsal wulan | anggung mendragung wirangrong | sanagara awuyungan | dêlèr nambungi sabda | ing puniku Mayor Dungkur | langkung maras ing wardaya ||

11. sultan kalantur gêng wingit | kula ingiri kirima | layang pitutur mrih sarèh | elinga karatonira | Sang Prabu Surakarta | iya milu angrêrapu | rêntênge kang rama sultan ||

12. sultan tur layang ping katri | lan kang putra Surakarta | puniku awit lilihe | Dipati Natakusuma | langkung pangungunira | dangu dènnya sênggruk-sênggruk | karaos dhatêng kang putra ||

13. dangu luwaring prihatin | pun Adhi Mas Natabaya | kalangkung binadhe-badhe | senapati ing ayuda | kinudang prawirèng rat | ing prang winêca pinunjul | kuwawi wakiling sultan ||

14. putra paduka

--- 57 ---

narpati | andika dhatêng kang raka | adhi sêmpal bauningong | kang têngên sapatinira | iya Si Natabaya | dene bau kiwaningsun | sira lan Dhi Pakuningrat ||

15. ngêntèk têmên pêthèk mami | mring adhimu Natabaya | pasthi yèn abot bobote | ing asmara pabaratan | nora na wong mangkana | patute sadêdêgipun | lawan ulate sambada ||

16. dêdêg parusa rêspati | anggawa gawating ulat | atêtêg titih atanggon | wêwadi tan kawadaka | ringase nora liwat | ulêkan amor ing sêmu | sêmu samakta priyôngga ||

17. ingayonan kaping kalih | pun Adhi Mas Natabaya | kinèn gitik pangajênge | Dipati Mangkunagara | wontên Sampar palihan | tinunjang tama malêdug | punggawèng Mangkunagaran ||

18. sinêngka tandhinge apit | pangajêng Mangkunagaran | kawan atus kapalane | nêmatus prajurit dharat | Adhi Mas Natabaya | prajurite kalih atus | amung prajurit turôngga ||

19. kalih atus dharatnèki | putra paduka punika | Ranadimurti kang kinèn | dhèrèk lampahe adhi mas | mantri lêbêt sadaya | sigra anambungi wuwus | Ranadimurti wotsêkar ||

20. pukulun anglêlangkungi | kapurunane ngayuda | swargi putra tuwan anggèr | Jêng Pangeran Natabaya | tuhu prawirèng laga | miwah gung darajatipun | sabên angamuk prahara ||

21. duk prang Pasampar rumiyin | anuju katiga

--- 58 ---

ngêrak | sarêng umangsah jêng anggèr | nunjang mungsuh pan apitan | tan kenging ingaturan | sarêng nêmpuh mangsah ngamuk | prapta ruhara prahara ||

22. dadya bêdhile tan muni | mungsuh sami kajawahan | sinêrot sigra prang waos | mungsuh mawur mawurahan | tan amôngga puliha | binujung kathah kang lampus | punggawanipun kacandhak ||

23. kathah dènnya tuk pêpati | mêngsah wontên tigang dasa | mung satunggil pan abdine | lan ingkang kanin tiganya | mungsuh tri dasa pêjah | kacandhak urip sapuluh | Mayor Dungkur nambung sabda ||

24. milane kônca upêsir | yèn anglarag tinindhihan | Pangeran Natabayane | kaliwat sukaning driya | tan ana duwe maras | dene senapati tangguh | atêtêg titih ing gêlar ||

25. kinudang-kudang sayêkti | môngka sarananing yuda | pinêthèk abot bobote | Pangran Arya Natabaya | dêlèr alon wuwusnya | Pangran Arya Kusumèku | pintên ta jagul andika ||

26. alon dènira nauri | Pangeran Natakusuma | tuwan mung tigang atus wong | timbalane kangjêng sultan | yèn kurang jagulira | amundhuta têlung atus | animbangi sikêpira ||

27. mring Dêlèr Nikolas Harting | jagul pasisir dèn kathah | idêlèr alon saure | ya pangeran dadi lawas | sira anèng Samarang | iya ana pitung dalu | iya sira antènana ||

28. sun mêpêg jagul pasisir | sanadyan limang atusa | angur sidi. kapara luwèh |

--- 59 ---

duwèke rama paduka | kang saking Selong kathah | kang wontên ngriki karuhun | kacêkêle rama dika ||

29. langkung kathah guru dadi | sawarnine kang jarahan | timbalanipun sang katong | sinrahkên marang Walônda | nanging Kumpêni datan | wontên ingkang purun dumuk | inggih rinêksèng kewala ||

30. wutuh ayam datan kêpik | puniki layange cacah | satus èwu watawise | paringkês lan abrag-abrag | sadaya kang cinacah | kêdawa wadhahing candu | wontên satus kawan dasa ||

31. wingi kula angungkabi | akathah kang dadi lêmah | nanging dèn untala misèh | inggih êndême punika | gumêr kang amiyarsa | Pangran Natakusuma rum | êndême malah mandia ||

32. gumêr malih pra dipati | sampun kinèn pamondhokan | Mayor Dungkur loji kêbon | lan Pangran Natakusuma | dene kang pra dipatya | wus pinarnah kuwonipun | kunêng malih cinarita ||

143. Tuwan jendral misungsung gajah tuwin kareta dhateng Kangjeng Sultan ing Ngayogyakarta

33. srat dhatêng saking Batawi | gajah kalawan kareta | tuwan jendral kêkintune | dhatêng Sultan ing Ngayogya | kalamun durung mangkat | bapak dipati puniku | wasisan dèn barêngêna ||

34. enjing sami dèn aturi | Pangeran Natakusuma | lan punggawa [pungga...]

--- 60 ---

[...wa] sakancane | miwah sira ki dipatya | miwah kang para putra | kerid marang Mayor Dungkur | ing loji agêng wus prapta ||

35. amuwus Nikolas Harting | hèh Tuwan Pangeran Nata | kusuma wasisan mangke | ing lampahe rama dika | puniki surat prapta | gih saking tuwan gurnadur | kêkintun ing tuwan sultan ||

36. awarni liman satunggil | lan kareta sakêmbaran | cinacahna gêgawane | lawan pasangone jendral | marang putra lêlima | pra radèn ayu têtêlu | dununge satungal-tunggal ||

37. Dèn Ayu Kulon satunggil | dèn ayu ngabèi lawan | Dèn Ayu Purubayane | Dèn Ayu Natakusuma | nunggal lawan kang raka | mung putrane ingkang jalu | nunggil pan putra lêlima ||

38. Putra Pangabean katri | kêkalih Ngadinagaran | Radèn Jurit kalimane | putrane sang adipatya | kang putri ibunira | pasangone tigang èwu | saking ing gurnadur jendral ||

39. Kyai Dipati Samawis | ingkang ngruktèni rêmbatan | matur wus sumêkta kabèh | dhatêng kang bêkta kareta | miwah gawa kang putra | manjing jagul pitung atus | tigang atus jagul Yogya ||

40. patangtus jagul pasisir | dadya amung gangsal dina | Pangran Natakusumane | anèng nagasinagari. Samarang | budhal amawi urmat | idêlèr pangatêripun | wangsule ing Paterongan ||

41. ingkang lajêng tumut ngiring | dhatêng ing Ngayogya pisan | kalih wêlas dragundêre | sarean kopral satunggal |

--- 61 ---

alpèrèse satunggal | gangsal wêlas jangkêpipun | kang lajêng dragundêrira ||

42. kèndêl Ungaran sawêngi | anèng Jambu sadalunya | duk saking Jambu budhale | praptanira anèng Sêcang | pukul satêngah rolas | baris agêng kang kadulu | anggabag awarna-warna ||

43. Pangeran Juru ningali | marang mayor atêtanya | tuwan dene gaman akèh | punika punapa prapta | talatah ing Mataram | mayor mèsêm sauripun | bapak pan dede Mataram ||

44. tanah ing Kêdhu puniki | nênggih pasanggrahan Sêcang | punika gêgaman katon | wadana panumping mapag | Rôngga Prawiradirja | ambêkta samantrinipun | ambêkta môncanagara ||

45. ing Garobogan Dipati | Tumênggung Yudanagara | dene waune namane | Dipati Suryanagara | duk sultan bêng-ubêngan | pan puniku andêlipun | lan Rôngga Prawiradirja ||

46. sami wawrat ing ajurit | sagah nadhahi Walônda | kalih sami pêpênêde | nulya prapta prênahira | baris siyung turôngga | saragni drèl kumarutug | ngangkang Kodhokngorèkira ||

47. angrantêg kang Carabali | praptanira ing taratag | prajurit pilihan kabèh | ingkang binusanan abra | sami abaris tanjak | ingkang songkok miwah cênthung | sêsondhèr cindhe anjêprah ||

48. eram dènira ningali | Dipati Natakusuma | wusnya lênggah punggawane | sarêng dènnya mêngkul pada | wusnya panêkarira | tabean lan Mayor

--- 62 ---

Dungkur | pra dipati roning kamal ||

211. Sinom

1. Pangeran Natakusuma | matur mring kang rama aris | punika pun Adhi Rôngga | môngka dipaning ajurit | pan kaipe sayêkti | ing putra paduka prabu | pamugari manggala | ing pamuk madyaning jurit | kalih samya pamunah ngasmarèng laga ||

2. dene satunggal punika | pun Adhi Radèn Suwandi | rayi paduka pun Paman | Ônggakusuma sêsiwi | kang sami bêbakali | samantên kadadosipun | putra tuwan jêng sultan | tan lyan punika kêkalih | katigane pun Tumênggung Jayadirja ||

3. nanging mangke sampun pêjah | saking Butuh asalnèki | pun Tumênggung Jayadirja | katri prawirane sami | sudira anrang wèsthi | prawirèng gêlar mong kewuh | sami entar têkiyar | polatan ing tyas undhagi | sang dipatya langkung ngungun angandika ||

4. hèh Suwandi apa sira | wus lawas gonira ngabdi | iya maring kangjêng sultan | Prawiradirja nambungi | tumut ambêbadhèni | ing putra tuwan pukulun | windon alas-alasan | amangan dhangkèling kunci | botên dipe yèn amanggih kadadosan ||

5. cêcindhil ngundha dipôngga | tigang èwu Sukawati | amungsuh jagad wutuhan | dora manggiha basuki | sang dipati lingnyaris | anak karsaning Hyang Agung | lamun maksih rinêksa | sintên ingkang amrih pati | nêmbah matur Dyan Rôngga Prawiradirja ||

6. saèstu ing sapunika | tandhinge sèwu satunggil | putra

--- 63 ---

paduka jêng sultan | kang saos dhêdhahar prapti | sigra sami abukti | pra dipati Mayor Dungkur | asarêngan sadaya | urmat rontaka mawanti | sarta pelog angrêrangin karawitan ||

7. Dipati Natakusuma | erame kapati-pati | mulat punggawèng Ngayogya | kathahe balanirèki | asrine busaneki | pantês lungguh tigang èwu | cindhe lawan pêndhok mas | pan mèh sarupaning janmi | èpèk rendan timang mas mèh cok irunga ||

8. miwah ta ingkang rasukan | baludru mantrês we krêstin | kêstop mêng sru sok êndhasa | kuna gon-anggon bupati | kang putra dèn bisiki | Pangran Natakusumèku | pangeran kaya apa | wong kang nganggo-anggo iki | panganggone para mantri ing Ngayogya ||

9. ing kuna iku wadana | iku nganggo saragêni | panganggone mantri kuna | olèhe ya têka ngêndi | kaya arinirèki | iya Si Suwandi iku | andêle karo bêlah | nyuriga pêndhok mas sami | bênting cindhe kabèh padha èpèk renda ||

10. kaya iku arinira | Rôngga Prawiradirjèki | alêlungguh sawah pira | samono prajuritnèki | lan busanane adi | para lêlurahe iku | malah ngungkuli padha | gon-anggon wadana dhingin | Mayor Dungkur miyarsa bêbisikira ||

11. gumuyu pamuwusira | si bapak agawok pasthi | busanane wong Ngayogya | dadya sami gujêngnèki | wau gunêm binisik |

--- 64 ---

mangkya angiras gumuyu | erame ki dipatya | wus lair sadayanèki | Mayor Dungkur ingkang nauri patanya ||

12. bapak putra dika sultan | bêrana botên gêdhongi | gêdhonge wontên ing wadya | abdine ingkang asabin | sèkêt salawe sami | pinangan kewala amung | botên angrukti sandhang | dene busananirèki | sajêg-jêge busana sapangadêgnya ||

13. pan saking sultan sadaya | tan milu urun sadhuwit | nadyan kaliwon wadana | yèn busananing bupati | saking sultan sayêkti | kabupatèn sadayèku | mantri-mantri punika | sapraboting wong aurip | salamine saking putranta jêng sultan ||

14. wus lorod panadhahira | binagi mring para dasih | jagul kang saking Samarang | patang atus wus ginanti | wadya môncanagari | kang anyandhak jagulipun | dandanan abrag-abrag | prasami winot ing sapi | kang bumèni rêmbatan môncanagara ||

15. sadalu kèndêl ing Sêcang | enjing têngara munya tri | sagung prajurit turôngga | wus tata rinakit baris | ingkang saking Samawis | sadaya lumakwèng pungkur | Pangeran Pakuningrat | sakancane pra dipati | munggèng wuri lan Pangran Natakusuma ||

16. balane Prawiradirja | miwah wong môncanagari | kang sami lumakwèng ngarsa | balane lumakwèng wuri | Rawa Kalangbrèt sami | budhal swarane gumuruh | kuda rongèwu dhomas | banderane warni-warni |

--- 65 ---

tambur suling saruni sri kapiyarsa ||

17. Dipati Natakusuma | langkung hebat aningali | tandang rakit lumampahnya | gumrêgut bayak ngrêmpêgi | kadya umangsah jurit | alon mojar Mayor Dungkur | bapak lah itu liyat | jêng sultan wadyanirèki | dene iku bala wong môncanagara ||

18. dudu wong sajroning praja | rêmpêge kadya Kumpêni | têrlalu pandhe jêng sultan | parentah angrakit baris | nauri ki dipati | sun tuwan dadi wong dhusun | gawok-gawok kewala | gêlare nganyar-anyari | prandenipun ngungkuli kang kuna-kuna ||

19. tuwan duk alam kawula | tan wontên kadya ing mangkin | cênthung makatên punika | inggih anggit sapuniki | prajurit pra dipati | nguni kathah kang cêcênthung | nanging cênthung lawaran | tan nganggo têtèbèng ngarsi | lawan botên nganggo salaka tan ana ||

20. miwah songkoke punika | inggih tan kadi puniki | baris ngarsa kèndêl samya | sêsiyung angapit margi | ing Saragênèn prapti | balabur tabah angungkung | Kodhokngorèk munya prang | praptane sang adipati | sru gumuruh saragni êdrèl sadaya ||

21. têdhake saking turôngga | Mayor Dungkur kang anganthi | binêkta amasanggrahan | ngumpul sagung pra dipati | wus tata dènnya linggih | kursi angubêngi bangku | sêsaosan wus aglar | mantri gêdhong kang bumèni | lan Kumpêni juru masake satunggal ||

22. wus lajêng sami dhadharan |

--- 66 ---

Kodhokngorèk Carabali | sirêp salendro bêbuka | Titipati angrêrangin | wadya gumrah ing jawi | kang tata pakuwonipun | wusnya adhêdhaharan | ing pukul sawêlas wanci | abubaran pakuwone pra dipatya ||

23. ing dalune tan winarna | atêngara budhal enjing | tan owah lampahing bala | duk angsal sajam lumaris | wontên dêdamêl kèksi | anggamêng dhêndhêng ngêndhanu | sang dipati têtanya | punapi Kumpêni prapti | mayor mojar punika dede Walônda ||

24. prajurite kangjêng sultan | mantri lêbêt ingkang prapti | lan prayayi jagasura | miwah wadya nirbayèki | dupi cêlak kaèksi | mantri lêbêt munggèng ngayun | abajo cêmêng ginggang | calana sangkêlat abrit | pan baludru songkok rinenda ing êmas ||

25. amojah cêmêng sadaya | anyuriga cara Bali | anggendhong karga renda mas | èpèk katimang mas sami | karga mas acuwiri | pêthat mas sadayanipun | sangkêlat wungu karkas | sopal mas acêngkang sami | anaracak satus tan ana salewah ||

26. karbin ingkang kawan dasa | sawidak waosirèki | sopal mas agêgodhi mas | kêmbang pacar tatah sami | kêkambiling turanggi | bêbisan sadayanipun | dene wong jagasura | waos mas cêmêng gêrandim | arasukan cêmêng baludru renda mas ||

27. rasukan sami kinotang | saruwal sangkêlat abrit | renda

--- 67 ---

mas sami amojah | sadaya mojahe putih | akuluk cangkang sami | têpi mas têtèbèng ngayun | sadaya anyuriga | pêdhang suduk mas arakit | sami dhawuk turangganipun sadaya ||

28. baris satêpining marga | angetang ingkang lumaris | lurah sami sinongsongan | anggung dènira anglirik | wau dènira nglirik | sang adipati angungun | mayor bukak topinya | ngurmati baris kang prapti | gèdhèg-gèdhèg Dipati Natakusuma ||

29. nulya mingêr barisira | nèng wurine sang dipati | lêlampah antuk satêngah | êjam wontên baris malih | prapta gamêng kaèksi | kumrutug swaraning tambur | ngalik-alik sulingnya | duk mulat sang adipati | Mayor Dungkur sigra ngling punika bapak ||

30. puniki gêgaman prapta | prajurit katanggung nênggih | lan prajurit suranata | andêle sultan rumiyin | duk mêngsah lan Kumpêni | suranata andêlipun | yèn pangamuk kewala | kanthi lan mantri pinilih | anumpêsi ing Walônda pira-pira ||

31. katanggung ingkang rasukan | cêmêng abêbêsur sami | sami abadhong kancana | sarwa mas busananèki | suranata duk salin | sikêpan sangkêlat wungu | baludru talakupnya | lancingan sangkêlat abrit | mojah biru talakup cêmêng sadaya ||

32. renda mas nut ing dondoman | eramira sang dipati | mas renda datanpa karya | inganggèkakên wong cilik | apa sugih ngliwati | Kangjêng Sultan Ngayogyèku |

--- 68 ---

ing kuna pan wadana | kang nganggo mangkono iki | lan kaliwon para mantri nora nana ||

33. gèdhèg-gèdhèg sang dipatya | sadangunira ningali | kabèh iku winatara | panganggone wong sawiji | kalih atus watawis | para lurah têlung atus | dene nora kayaa | sugihe kang dadi aji | saking apa baya pamêtune iya ||

34. ambusanani balanya | iku ta donya saking ndi | dene ta nora kayaa | karsane kang among urip | salin gagrag wong Jawi | Pangran Mangkubuminipun | karatone ya mandah | anganggoa ing pasisir | baya duwe bala sakêthi busana ||

35. gêgaman iki sadaya | saking doh kadi Kumpêni | cinêlakan maksih Jawa | rowane alah Kumpêni | ya ta manjing nagari | kapêthuk kaliwon pitu | sami akêkampuhan | miwah wadyane kang ngiring | samya bêkta jambu salak sêsonggoman ||

36. timun kalawan sêmôngka | kapundhung dipun songgomi | prasami kèndêl sakêdhap | Mayor Dungkur nêdha sami | patêdhan sri bupati | timun salak lan kapundhung | kalawan tata lampah | tandhu-tandhu wus rumiyin | ngalun-alun baris marwata kusuma ||

37. bandera mawarna-warna | lor kidul sipat waringin | kurung baris sipat marga | surat kang saking Batawi | kang mêthuk anèng loji | talam mas lan payung agung | praptèng loji sakêdhap | mayor asalin kulambi |

--- 69 ---

pra dipati duk sami nginum sagêlas ||

38. wus lajêng ngiras kang surat | tandhu-tandhu munggèng ngarsi | sapraptanira Galadhag | mayor têdhak lajêng nganthi | marang sang adipati | parèstri sadaya ngayun | kadya wong mêntas bêdhah | nagara boyongan ngarsi | prapta ngalun-alun munya drèl sênapan ||

39. sayeram sang adipatya | mulat abyoring kang baris | pasang rakite prayoga | busananira mantêsi | têtela angungkuli | nguni-uni para ratu | tandhu mêdhun taratag | jêng sultan wus dangu mijil | siniwakèng ing wangunan danasmara ||

144. Adipati Natakusuma dipun paringi nama Pangeran Juru

212. Asmaradana

1. katur sami dèn timbali | dèn ayu ngabèi lawan | kang bibi Dèn Ayu Kulon | miwah Dèn Ayu Purbaya | Purbaya Radèn Dêmang | dèn ayu dipati sampun | minggah dhatêng sitibêntar ||

2. Munggang kang munya sitinggil | sinirêp wus dangu munya | inggahe prayayi wadon | Dipati Natakusuma | lawan mayor nèng wuntat | kangjêng sultan têdhakipun | jumênêng ngarsèng amparan ||

3. kang prapta sami ngabêkti | prasamya anjrit karuna | kadya supêna ciptane | jêng sultan gumyur tyasira | têmah ngrêntahkên waspa | dènira ngandika gupuh | mring Nyai Arya Suwônda ||

4. iridên manjing jro puri | sadaya [sa...]

--- 70 ---

[...daya] sampun binêkta | Mayor Dungkur majêng age | lawan wau ki dipatya | sultan jumênêng sigra | wusnya tabe Mayor Dungkur | sigra wau ki dipatya ||

5. angrangkul padaniraji | gupuh jêng sultan anyêgah | dadya salaman kemawon | sigra jêngkar kangjêng sultan | tumamèng dalêm pura | wau surate gurnadur | badhe winaca jro pura ||

6. sapraptanira jro puri | mandhapa alit kinêmbar | atata palênggahane | sêrat jendral gya winaca | wusnya mriyêm sauran | Dipati Danurêjèku | ngandikan kinèn ngirida ||

7. para putra ingkang prapti | nênêm ngandikan sadaya | wus prapta ing ngarsa katong | mangsah putra pangabèan | katri mangusap pada | nuli kalih ingkang maju | putra ing Adinagaran ||

8. anulya rahadèn jurit | putra Kanatakusuman | mangsah ngusap pada katong | Dipati Natakusuma | anggung dènira nyawang | mring sultan sabên katungkul | ing pasêmon winaspada ||

9. netrane amasopati | ajêro tajêm aladak | tumancêp jêjarotane | pantês angêntasi karya | wau ta wus tinampan | sakathahing pakêkintun | kang saking gurnadur jendral ||

10. jêng sultan angandikaris | mring Dipati Danurêja | hèh Danurêja sakèhe | santana kang lagi prapta | miwah iya si paman | prênahna nunggil wismamu | besuk nuli parentaha ||

11. wismane sawiji-wiji | rahadèn patih sandika | sigra mijil sarêng mayor | ngatêr ing pakuwonira | ênggène [ênggè...]

--- 71 ---

[...ne] sang dipatya | dina Sênèn praptanipun | Kêmis sami pinaringan ||

12. kampuh sapaningsêt sami | kuluk sami sinewaka | kerid ing Danurêjane | jêng sultan enjing sineba | munggèng ing sitibêntar | aglar punggawa gung-agung | kaliwon mantri santana ||

13. wadya jro anèng sitinggil | wadya jawi pagêlaran | supênuh wadya sang katong | Adipati Danurêja | ingkang ngandikan minggah | ngirid marang sitiluhur | kang paman sang adipatya ||

14. lan para putra prasami | praptanira ing ngajêngan | sigra parentah sang katong | Danurêja parentaha | lan padha ngèstokêna | lamun si paman puniku | Dipati Natakusuma ||

15. sun pundhut namane mangkin | iya kang Natakusuma | dhimas ingkang wus angangge | dene si paman dipatya | ya sun paringi nama | namaa Pangeran Juru | lan sawah pancinên sigra ||

16. patang atus sawah milih | têlung lawe Padhongkelan | si paman wismaa kono | babad alas Padhongkelan | ngadêgêna Jumuwah | lan sagung pradikan iku | sun srahakên maring paman ||

17. iya ingkang madanani | Pangulu Janudin mangkya | sun lorod kapangulone | ingsun gawe pamradikan | nunggala lawan paman | jêjêga Jumuwahipun | sawah salawe pêndhêmnya ||

18. lan nêmbêlas sun paringi | sawah pêrak Padhongkelan | dene ingkang ingsun gawe | wa Pangulu Dipaningrat | mulih pangulunira | Danurja nêmbah anuhun |

--- 72 ---

jêng sultan malih ngandika ||

19. tinggale kangmas ngabèi | wus nama ngabèi kuna | ing mêngko iya sun êlèh | Pangeran Silarong nama | rong atus sawahana | dene ta adhine iku | Rahadèn Ranakusuma ||

20. sun êlih namanirèki | lawan sun paringi nama | iya Pangran Arya Pamot | iya rongatus sawahnya | ingkang wuragil pisan | ya Si Warsakusumèku | Pangran Balitar namaa ||

21. sawah satus bae dhingin | lan aja dèn iri seba | yèn durung waras netrane | dene têtinggale iya | Kangmas Adinagara | kang tuwa arane iku | Rahadèn Wiryakusuma ||

22. sun junjung namaa mangkin | Pangran Arya Prangwadana | iya rongatus sawahe | adhine iya kang nama | Radèn Martakusuma | sun junjung namaa iku | Pangran Arya Natasana ||

23. dene iya ta si jurit | Paman Juru sutanira | sun kulawisudha mangke | sun karya wadana jaba | sangang atus sawahnya | dene ta jêjulukipun | Pangeran Jayakusuma ||

24. jêng sultan ngandika malih | Hèh Danurêja wasisan | Dhimas Purbaya tinggale | Si Darpa iku namaa | Pangran Kusumayuda | iya sawahe rongatus | lawan Si Mangkudiwirya ||

25. anake bok ayu nênggih | tinggale kang Mangkupraja | sun junjung namaa mangke | Pangran Arya Singasêkar | iya iku sun karya | dadia lêlurahipun | putra pulunan sadaya ||

--- 73 ---

26. tinggale dhimas ing nguni | adhi mas Mangkukusuma | iya namaa ing mêngko | Pangeran Mangkukusuma | Bok Ayu Suralaya | tinggale namaa iku | Radèn Arya Suralaya ||

27. nglurahi Si Singasari | kacèkana ya sawahnya | Singasari têlung lawe | lan bok ayu para rôndha | anyèkêt pancènana | kang dadi panandhonipun | dhahare maksih saking wang ||

28. Danurja nuwun wotsari | jêng sultan malih ngandika | Si Jipang mêngko sun paro | Si Tumênggung Natapura | Si Kartasari iya | nama Tumênggung Mataun | Danurja nuwun turira ||

29. lawan ingsun mundhut malih | sawah nêmatus kewala | Si Ranadirada mangke | iya tumênggung namaa | Si Tumênggung Urawan | ya mung lungguha nêmatus | iya tumênggung sosoran ||

30. Dhimas Natakusumèki | nêtêpi santana tuwa | misih angiras patih jro | lan Si Tumênggung Urawan | sêsabête adhi mas | ngrèh prajurit sadayèku | ing jro Tumênggung Urawan ||

31. Dhimas Natakusumèki | wruha matênge kewala | satus rongpuluh mantrine | panèkêt satus nêmbêlas | panglawe wolung dasa | surupe bocah katanggung | ingkang panêlung jung dhomas ||

32. panêlung lawe pra mantri | yèku têgêse lêlurah | patang puluh wolu kabèh | kang panatus salawe prah | wolu pangaro bêlah | karya rong lêksa nêmèwu | prajurit ing jro

--- 74 ---

sawahnya ||

33. iku mudhuna sapalih | barang karyane nagara | Danurja sandika ture | nulya kinêjèpan nyêlak | sampun binibisikan | sagunging para tumênggung | padha duwènana kajad ||

34. sakuwasane prasami | sakolure sowang-sowang | nora sun wangêni kèhe | sunat marang wong atuwa | tilas dhalang nagara | si paman Pangeran Juru | padha mêmule manpangat ||

35. gya nêmbah rahadèn patih | mudhun saking sitibêntar | Pangeran Juru sarênge | sapraptane sitibêntar | andhawuhkên parentah | sakèhe ingkang jinunjung | para putra saking Selan ||

36. anama pangeran sami | rongatus pinaring sawah | sami anyatus gajihe | wontên dene ingkang paman | madanani pradikan | anama Pangeran Juru | kawan atus amardika ||

37. padhongkelan dèn dhukuhi | têlung lawe padhongkelan | bumi kang pinunjungake | angadêgakên Jumuwah | patangtus sawah têbah | punjungan Pangeran Juru | sadaya saur kukila ||

38. ngèstokêna angèstrèni | jêng sultan jêngkar ngadhatyan | Adipati Danurjane | ngacarani pra dipatya | tuwin kang pra santana | kerid marang wismanipun | bubar praptèng Danurêjan ||

39. lajêng sêsaosan mijil | dhadharan sagung punggawa | wus nglorot nusul wedange | aglar ingkang nyênyamikan | wau kang kinêjepan | ya marang ing Danurjèku | Dèn Rôngga Prawiradirja ||

40. jinarwan parentahnèki |

--- 75 ---

jêng sultan kang gêgaiban | kang pinrih kulure dhewe | munjunga maring kang paman | mêmule mrih sapangat | Rôngga Prawiradirja wus | wangsul palênggahanira ||

41. nglairkên timbalan gaib | umatur marang Danurja | ki lurah kula ing mangke | ngaturi bêkti punika | ing rama jêngandika | inggih Jêng Pangeran Juru | sabin sèkêt kolur ing tyas ||

42. Danurja angatag malih | mring sagung para wadana | tumut ing payu ature | Pangeran Natakusuma | Pangeran Pakuningrat | sami nyèkêt bêktinipun | Kartanadi Martalaya ||

43. Jayaningrat ing Matawis | lan Tumênggung Natayuda | pêpitu kawolu patèh | ingkang nyèkêt baktinira | nging patih langkungira | saking ing sèkêt kawan jung | kang salawe kalih wêlas ||

44. ingkang nigang jung pan sami | punika gih kalih wêlas | ngalih jung rowêlas mangke | ingkang namung salawe prah | warata sanagara | sipat kaliwon tumênggung | lan pra lurah gêdhe samya ||

45. ginunggung cacahing sabin | Pangran Juru pêpunjungan | sèwu sawêlas jung kabèh | wus bubar saking Danurjan | nanging pinarentahan | kang nêdya niat têtulung | babad wana Padhongkelan ||

46. sagung ingkang pra dipati | sadaya sagah tulunga | babadi Padhongkelane | mangkana andina-dina | kang ambabadi wana | sadaya sami têtulung | pra dipati ing Ngayogya ||

47. tan cinatur laminèki | dènnya babad Padhongkelan | akathah kang ngêtutake |

--- 76 ---

atusan kang tumut wisma | pandhe miwah kêmasan | wus agêng Jumuwahipun | siti rata murah toya ||

48. Kyai Dhongkol Jayanudin | ngadêgake pamurukan | pondhoke santri wus akèh | miwah têtiyang kang prapta | mranggi ngamalo ana | wong sayang miwah wong bubut | wus têpung lawan nagara ||

49. anglajur lêlurungnèki | têpung lan lurung nagara | kêncêng lan lêmpêng sipate | wus agêng wêwarungira | kajuron langkung pelag | ting sarowèh toyanipun | karasan santri ngumbara ||

50. pangeran gêng kurmatnèki | marang santri angumbara | duk puniku timbangane | ki malangi kilèn kitha | Dhongkèlan kidul kitha | sami pamurukan agung | jêng sultan asrêp miyarsa ||

145. Sang Prabu ing Surakarta prasaben mawi serat dhateng ingkang paman Kangjeng Sultan ing Ngayogya, kapareng badhe pepanggihan kaliyan ingkang eyang Pangeran Juru lan sanès-sanèsipun

51. kunêng kawuwusa malih | Sang Aprabu Surakarta | sampun lumampah badhene | kintun sêrat mring kang paman | Jêng Sultan ing Ngayogya | lurah gandhèk duk lumaku | ngêmbani surat sarkara ||

213. Dhandhanggula

1. praptèng Ngayogya dutaniraji | pra dipati [di...]

--- 77 ---

[...pati] sampun ingundhangan | tuwin pra santana kabèh | yèn wontên surat rawuh | saking Surakarta nèng loji | wus katur kangjêng sultan | enjing lêbêtipun | anuju ing dina Soma | Pangran Juru ing pêndhak Soma sumiwi | wontên ing panangkilan ||

2. kangjêng sultan nuju tan tinangkil | dene karsa atamian surat | saking ing Surakartane | prajurit jro wus mêtu | tambur suling ingkang saruni | swara amônca warna | kagyat Pangran Juru | dalêdêg baris kang mêdal | praptèng alun-alun kang baris rinakit | sêsiyung ngapit marga ||

3. mingak-minguk langkung dening sêdhih | Pangran Juru isin têtakona | arsa nora nakokake | abingung manahipun | ana katon tan wruh ing warti | sênêp langkung ambata | wau Pangran Juru | iya iki ana apa | saya suwe sawangên tan wruh ing isin | asal lêga kang manah ||

4. sok wêruha prakarane ugi | anganthuki marang Martalaya | sigra marpêki andhêpès | ngandika Pangran Juru | kula anak tumênggung mangkin | sampun dadi wong desa | nèng Selong rong windu | puniki wontên punapa | prajurit jro prasami mêdal abaris | lan dandanan jro mêdal ||

5. sami ngalor payung gung satunggil | kang dèn iring lan talam kancana | tur sêmbah Martalayane | gumujêng aturipun | inggih wontên caraka prapti | sing nagri Surakarta | bêkta suratipun | wayah paduka sang nata | pan punika inggih badhe angurmati |

--- 78 ---

mangke praptaning sêrat ||

6. inggih dene samining narpati | nadyan putra ujêr padha raja | Pangran Juru andikane | gih talah nak tumênggung | wagêd têmên wong agung mangkin | ambusanani praja | mirungga tur patut | bisa angrêngga nagara | yèn wadone ayu luwês bêsus wasis | sèdhêt raga karana ||

7. awilêtan sèdhêt maratani | lêgi lêgawa raga wiraga | parêk driya wardayane | pantês gandêse anrus | sêkar banjar ambêbanjari | nagari ing Ngayogya | rêspatine anrus | tunjung tajême ajaman | alam kula tan sagêd kadi ing mangkin | nagara Kartasura ||

8. kang amêthuk surat prapta ngloji | Mayor Dungkur sarêng angkatira | lan para dipati kabèh | duk prapta ngalun-alun | munya kang drèl Munggang sitinggil | drèle kadya Walônda | Pangran Juru ngungun | tambure munya brang-brangan | suling lawan sarunèn angalik-alik | êdrèle bal-ambalan ||

9. praptèng pagêlaran angêjèpi | lawan Adipati Danurêja | tuwin Pangeran Jurune | wus sami nyandhak wêdhung | Mayor Dungkur dangu ngêntosi | wus sarêng inggahira | ing sitimanguntur | sirêp drèl sapraptanira | srimanganti mayor wus lajêng pribadi | Dipati Danurêja ||

10. Pangran Juru lan para dipati | ing srimanganti kèndêl sadaya | miwah ta priyayi gandhèk | ing Surakartanipun | mayor praptanira jro puri | surat katur jêng sultan | tinupiksa sampun | kadriya [ka...]

--- 79 ---

[...driya] surasèng driya | urmat barung mariyêm mawanti-wanti | Dipati Danurêja ||

11. lan Pangeran Juru dèn timbali | tuwin kang pra dipati sadaya | lan gandhèk Surakartane | praptèng byantara prabu | matur nêmbah ing sri bupati | katur sawêlingira | ingkang putra prabu | kature apangkat-pangkat | gumalintir tatag tangginas tarampil | sèdhêt aparêk driya ||

12. myang gandêse ingkang andhawuhi | mêsês kadya ujungan sarkara | Pangran Juru kagèt-kagèt | mirsa satakêpipunsatangkêpipun. | lan solahe ingkang dhawuhi | tuwin kang dhinawuhan | rikat galakipun | anggubrasi manisira | langkung dangu Pangran Juru dongong myarsi | kramèng nila wacana ||

13. Pangran Juru mengo bisik-bisik | marang Adipati Danurêja | hèh anak ing satêmêne | alam kula rumuhun | wayah lagi samèntên nênggih | puniki misih bocah | kêkandhanganipun | dèrèng bisa sapocapan | lan wong tuwa puniki kaya gêlamit | sapocapan lan raja ||

14. ing ukara rêspati patitis | ing wêwatês prakara waspada | têka liwat gawokake | mèsêm Danurêjèku | pan paduka botên mêningi | inggih kang darbe anak | punika rumuhun | gandhèk pun Paman Gadhingan | andêlipun putranta bêndara swargi | Pangeran Purubaya ||

15. kados emut sampeyan ing mangkin | Pangran Juru ngungun amiyarsa | inggih anak pêpatute | dèrèng bisa calathu | duk ing alam kula rumiyin |

--- 80 ---

anulya kangjêng sultan | nguncalkên sratipun | ingkang saking Surakarta | Pangran Juru sigra dènira nampèni | jêng sultan angandika ||

16. paman sêrat ing Surakartèki | anak prabu inggih wayah dika | Pangran Juru nupiksa ge | mungêl lamun Sang Prabu | Surakarta arsa pangpanggihpêpanggih. | kalamun kangjêng paman | wontên lilanipun | pun eyang Kulon kalawan | Bibi Juru kula paman arsa panggih | inggih benjang gêntosan ||

17. sampun eyang Kulon lawan bibi | nuntên rama paduka kenginga | pun eyang Juru kenginge | panggih lan kula nuhun | gêgêntosan inggih rumiyin | titi pamaosira | surat malih katur | la-êla ingkang pamuntat | lamun èstu anglilani paman aji | kula utusan mapag ||

18. tigang dintên kang gandhèk nulyaglis | sinung angsul-angsul pamit mêsat | jêng sultan parentah mangke | kang badhe lampahipun | ngiringakên dèn ayu kalih | kang maring Surakarta | kaliwon tinuduh | nênggih gêdhong kering kanan | Mangunjaya kalawan Mangunyudèki | bêdhol samantrinira ||

19. myang panèkêt jajare kinêrig | wus sadhia ngantos dutanira | Sang Prabu Surakartane | wau ta kang winuwus | gandhèk saking Ngayogya prapti | katur srat wangsulira | ingkang rama Prabu | Kangjêng Sultan ing Ngayogya | Sri Narendra Surakarta marentahi | kang mêthuk mring Ngayogya ||

20. pan kaliwon gêdhong kanan kering | kêrig [kêri...]

--- 81 ---

[...g] samantri panèkêtira | sarta wau têtindhihe | Aryèndranatanipun | budhal saka Surakartèki | datan amawi surat | malah wus kapaung | tigang atus kang turôngga | tan winuwus ing marga lampahe prapti | nagari ing Ngayogya ||

21. Kadanurjan wau jujugnèki | linajêngkên ing Kajuron samya | Aryèndranata praptane | panggih lan kadangipun | Radèn Ayu Kulon pêpanggih | ngungun kadya supêna | miwah Pangran Juru | wadya wus cucul turôngga | wong Galadhag satus ingkang angladosi | lêlurah Danurêjan ||

22. pan sakawan juru angladosi | tan adangu sugata wus aglar | wong Galadhag saosane | rumat sakancanipun | wusnya kalih dalu dutaji | ngandikan mring jêng sultan | tumamèng kadhatun | kerid Dipati Danurja | lan Pangeran Juru sapraptaning puri | ngarsanira jêng sultan ||

23. kangjêng sultan angandika aris | hèh kaipe basuki ta padha | tuwin kang kari wismane | salamêtan bok ayu | matur inggih kang salam taklim | bok ayu jêngandika | sultan ngandikarum | lah payo omong-omongan | êmbèn bae mangkata saking ing ngriki | iya ingsun têtanya ||

24. anak prabu sayêkti sun puji | bisa among mring Suryakusuma | amot jêmbar sagarane | nadyan kang tuwa tèngsun | amêngkua ngrasa tan bangkit | pan Si Suryakusuma | ing sadinanipun | gêgubras beka kewala | dhodhok beka lumaku miwah alinggih |

--- 82 ---

amangan turu beka ||

25. yèn mulusa atine sayêkti | ngrasa lamun sipating manungsa | mendah ing prang darajate | prandene anak prabu | têka bisa anyêratèni | matur Aryèndranata | punika saèstu | pangandika jêng paduka | èstu wagêd putra dalêm sri bupati | ing pirapêt tan kewran ||

26. arus amis angrèkèl nguthakil | anêracak mancak ngicak-icak | bêlarongan sadinane | amung cinipta arum | ing putranta sri narapati | yèku Aryèndranata | nora kadugèngsun | ambêg ratu waliollah | anak prabu utama marang ing ngèlmi | sukur ana kang bisa ||

27. yèn mangkono ki ipe puniki | arêp nutut ing wuri kewala | anak prabu pratikêle | anata tumbakipun | wasiyate agêming jurit | kabandhang duk prang Sima | Si Liyêp ranipun | iku bêcik sun ulihna | lawan ana anake wadon rumiyin | Dhimas Natakusuma ||

28. tan kaboyong duk prang Pranaragi | maksih rare Dèn Rara Maliyah | baya ing mêngko wus gêdhe | arsa sun jawab iku | muliha mring wong tuwanèki | matur Aryèndranata | punika panuju | nanging inggih mawi sarat | saratipun paduka paring upêksi | putra dalêm sang nata ||

29. môngsa sandea katur mariki | yêkti lingsêm botên ngaturêna | Dèn Lara Maliyah têmbe | putra paduka prabu | sayêktine kang marentahi | amboyong sami dharah | yèn wus atut mantuk | jêng

--- 83 ---

sultan gumujêng suka | iya rane anak prabu sun nunuti | bisa ngrêrapêt rênggang ||

30. iya sira bae layang mami | kang anggawa miwah ngaturêna | mring anak prabu wiyose | mring Suryakusumèku | ya bakayu ingkang sun iri | wong amrih rêrukunan | pan wajib wong sêpuh | anging duk ala mrih arja | narik bêcik angèlingêna wong lali | pitutur roning kamal ||

214. Sinom

1. dangu anèng jroning pura | sadaya wus kinèn mijil | praptane pakuwonira | dèrèng cucul sawêlsawêg. linggih | jodhang saking jro puri | jêng sultan patêdhanipun | kang dhahar tigang jodhang | satus jodhang kang angiring | kawaratan pênuh kang tamu sadaya ||

146. Andongèngakên kawontênanipun ing Selong

2. cinarita tigang siyang | nèng nagari Ngayogyaki | wus pamit Aryendranata | miwah radèn ayu kalih | kalilan budhalnèki | patêmpure kang wadyagung | dêdamêl ing Ngayogya | patang atus kang turanggi | lampahira ing marga tan winursita ||

3. prapta nagri Surakarta | pitulas ing Soma Manis | maksih Rajab ingkang wulan | lajêng makuwon wadyèki | wau dèn ayu kalih | lajêng tumamèng kadhatun | mêthuk [mêthu...]

--- 84 ---

[...k] ing palataran | wau kangjêng sri bupati | gurawalan kang bibi lawan kang eyang ||

4. ngêbyuki ngrangkul karuna | tan andipe yèn kapanggih | kadya ciptane supêna | adangu karuna sami | wus sarèh dipun irid | tumamèng ing dalêm agung | sang nata yun pranata | mring kang eyang mring kang bibi | langkung nyêgah kalihe akipa-kipa ||

5. tan wontên ratu pranata | yèn awrêda sami aji | dadya mung Ratu Kancana | ngabêkti eyang lan bibi | saosan lajêng mijil | sami dhadharan anutug | sawusnya linorodan | anyamikan ingkang prapti | apan sarwi kang eyang kôndha solahnya ||

6. kinarsakakên carita | kang eyang miwah kang bibi | duk wontên nagari Selan | katur sasolahirèki | kang paman lan kang kaki | Pangeran Purubayèku | lawan sang adipatya | manggih marmaning Hyang Widi | nalikane nèng Selong duk tigang wulan ||

7. ing praptane Sayid Musa | Ngidrus karamat sayêkti | satuhu sayid oliya | sabarang ciptane dadi | pun paman lan pun bibi | sami manjing anggêguru | ing Kangjêng Sayid Musa | mulihkên lara prihatin | nagri agêng ing Selong kontrag sadaya ||

8. pan kinarya murid tuwa | pun paman miwah pun kaki | sanagara puruhita | margi pun paman pun kaki | kathah ngaturi bêkti | sawarnine anggêguru | Sayid Musa tan arsa | dadya pun paman pun kaki | kang nampèni urmate wong sanagara ||

9. ing sawulan winatara | tigang

--- 85 ---

èwu malah luwih | malah marêngana môngsa | nakoda gêng-agêng prapti | saking nagri Surati | Kusta Bênggala Sêlangur | Nagurkaèdêrnabab | ingkang sami nuwun idi | nuwun barkah dhatêng Kangjêng Sayid Musa ||

10. punika ingkang jugala | nakoda bêkti ngurmati | ngantos nêmèwu sawulan | pun paman miwah pun kaki | kang pasthi andarbèni | yèn dintên Jumuwah dalu | para murid ngalêmpak | dêdarus inggih pun bibi | amaragad ngantos menda gangsal wêlas ||

11. tigang atus malah kirang | balônja ingon wong ngaji | makatên sabên Jumuwah | inggih saking andhatêngi | pasihaning Hyang Widi | wuwuh-wuwuh kadi uwuh | rêjêkining Pangeran | kadi wingka kêton Anggris | angungkuli kala wontên Kartasura ||

12. nuntên dinangu pun paman | ngaturkên sasolahnèki | saking Ibrahim Asmara | kintên wus waskithèng batin | ing lair anasabi | kang punika milanipun | sarat andangu têdhak | tunggil darah angangkêni | saking sangêt dènnya rumêksa sungkawa ||

13. dinangu kadoyanira | kala wontên tanah Jawi | pun paman matur gujêngan | ulam tempe dèn kangêni | lawan wowohan nênggih | salak durèn lawan pundhung | nôngka malinjo kênthang | ing sabên Jumuwah prapti | wêdalipun saking ing rasukan jubah ||

14. tempe kang lagya balibar | saking Kartasura prapti | sabên wêngining Jumuwah | mila tyase sami pulih | pun paman lan pun kaki |

--- 86 ---

saking karamating guru | mugi dadya wicara | dening wong kang ahli budi | apa dadak wau wêdaling karamat ||

15. katempelan siya-siya | siyane dene angambil | tempene wong ngupajiwa | yêkti batine nglironi | ing sapanikêl pasthi | anêmu ing untungipun | nadyan ingkang kelangan | amanggih bêgja sayêkti | ingkang sami darbèke kenging karamat ||

16. milane wontên pawarta | nagri Surakarta nguni | wong katèmpèn kadhawuhan | rumiyin kang anaosi | tempe ing sabên ari | ing Pangran Purubayèku | pêndhak Jumuwah ilang | tempene ingkang pangaji | duk dèn êlèr nèng ambèn nêm uwang sirna ||

17. lir jinuput Suksmanasa | tan suwe nuli amanggih | rupiah ngisor kalasa | têtanggane dèn tuturi | dudu wadine iki | sirêpên aja na umung | baya iki bêndara | Jêng Pangran Purubayèki | anèng Selong êjime ingkang dinuta ||

18. lan karècèk Kartasura | ing sabên Jumuwah prapti | nèng Selong pratikêlira | kadya si tempe pan sami | ngungun duk amiyarsi | sang nata ngandika arum | inggih langkung karyeram | lamun karamating wali | walaltulah ing kaki miwah ing paman ||

19. pun eyang punapa lêga | inggih wontêna ing ngriki | kula suwune pun paman | Dèn Ayu Kulon turnèki | dhuh sampun sri bupati | langkung awon èstunipun | katon-katon [katon-kato...]

--- 87 ---

[...n] kawula | kang nuwun ing sri bupati | dêstun kula wong tan wêruh kabêcikan ||

20. cinakar saking ing wôngwa | tinarik saking awêrid | mring rama dika jêng sultan | mangke praptèng tanah Jawi | nuntên salin gènnèki | dèrèng malês pênêdipun | mendah ucaping jagat | dede manungsa sayêkti | angsal gujêng pan ing ngriki lan ing Yogya ||

21. pan botên satêngah côndra | sok inggih sami basuki | sang nata supe sakala | ngandika mingkis wêwadi | inggih lêrês pun nini | kula kasupèn satuhu | mung inggih kula eyang | badhe angaturi sabin | inggih kêdhik amung dadosa pratôndha ||

22. lire nyumbang paman sultan | purun angingoni kêdhik | supados inggih anyuda | paman sultan angingoni | kula tumut nguruni | sangang jung ing Sêkararum | mangkana ingkang eyang | tan sinung makuwon jawi | lan kang bibi tinunggil sajroning pura ||

147. Kangjêng Sultan utusan murugi Rara Maliyah ingkang kaboyong Pangeran Mangkunagara nalika pêrang ing Panaraga

23. wau ta antaranira | angkate dèn ayu kalih | pitung dintên kangjêng sultan | lumampah dutanirèki | lurah kaparak jawi | tinuduh Nyai Tumênggung | Natayuda mring Sala | Jêng Ratu Madurêtnèki | ingkang kinèn jujug anèng Surakarta ||

--- 88 ---

24. nyai tumênggung binêktan | saragni jagabayèki | rasukan abrit sadaya | satus alancingan abrit | cêcênthung cêmêng sami | satambur sasulingipun | cênthung mawi salaka | ing marga datan kawarni | sapraptane anjujuga Madurêtnan ||

25. panggih Ratu Madurêtna | angiras pantês kêkirim | ingkang rayi kangjêng sultan | mring kang bok ayu mêmarni | ratu ngandika aris | marang ing nyai tumênggung | gih bibi benjang enjang | kula malêbêt ing puri | kula ngangge tur uninga mring sang nata ||

26. sawabsabab. layange kang paman | nalangsa jujug ing kami | kang pinurih ngatêrêna | mring Si Mangkunagarèki | maripih ruwêdnèki | angêlus ingkang maruntus | Jêng Ratu Madurêtna | mring pura ngiras manggihi | kang santana saking nagari Ngayogya ||

27. sawusnya panggih sang nata | umatur ing sri bupati | sunan rama dika sultan | mangke utusan mariki | nyai tumênggung prapti | wisma kula kang jinujug | nadyan ngatêrna layang | mring Si Mangkunagarèki | dadak kula kang dèn ngiri ngatêrêna ||

28. wau kalane miyarsa | gumujêng sri narapati | alon dènira ngandika | alêrês ingkang angiring | amuwuhakên wajib | kaponakan lan sadulur | Jêng Ratu Madurêtna | mèsêm angandika aris | basakêna ki prabu butuh kewala ||

29. dangu nulya wêdalira | Jêng Ratu Madurêtnèki | sapraptaning dalêmira | putusan cêcala aglis | marang kang putra nênggih | Pangran Mangkunagarèku | matur ibu paduka |

--- 89 ---

pan arsa têdhak mariki | angandika Dipati Mangkunagara ||

30. hèh duta iya matura | ibu turana tumuli | duta wotsêkar umêsat | praptane matur ngabêkti | katur salampahnèki | nulya têdhak kangjêng ratu | lan Nyai Natayuda | pangeran mêthuk ing kori | munya peloh kangjêng ratu têdhakira ||

31. anêng lêlongkang mandhapa | saking tandhu têdhaknèki | lajêng mring dalêm kewala | wusira pinarak aglis | para rabi ngabêkti | para wayah sadaya wus | Jêng Ratu Madurêtna | pangandikanira aris | iya kulup lakuningsun iki uga ||

32. angatêr dhêdhayohira | lah iku kang anèng jawi | kongkonane bapakira | Yayi Prabu Ngayogyèki | lurah kaparak jawi | pan iku nyai tumênggung | pangeran dharakalan | mêdal sarwi ngacarani | dawêg bibi majênga malêbêt pisan ||

33. nyai tumênggung asigra | wingkinge jêng ratu linggih | pangeran nulya pinarak | nyai tumênggung sigra ngling | gusti sampeyan tampi | inggih salam taklimipun | rama paduka sultan | miwah ibu-ibu sami | miwah bêkti rayi paduka sadaya ||

34. andhêku nuwun kawula | tampi sihe jêng kiyai | pun bibi ambêkta sêrat | nyai tumênggung nyauri | inggih nanging ginaib | pangeran ngandikan arum | dados kula digsura | kang ibu sigra nambung |Kurang satu suku kata: kang ibu sigra nambungi. jêjaragan mulane mêtu saking wang ||

35. lah nya iki tampanana | gumujêng sarwi atampi | sampeyan [sampe...]

--- 90 ---

[...yan] kintuni urmat | rayi paduka kiyai | makotên karsanèki | kang sêrat binuka sampun | ing bêbuka kadriya | titi dènnya nupiksani | ingaturkên ibu sampeyan pariksa ||

36. tinampan nulya winaca | wus titi angandikaris | iki kulup tumbakira | binandhang prang Sima nguni | ngulihkên mring sirèki | pira-pira wong tuwamu | duwe eling mring sira | ngrasa tuwane sayêkti | sira kene kanggonan ing Si Maliyah ||

37. kaboyong prang Pranaraga | sutane pamanirèki | Si Supama kang jinawab | wong tuwa kang angèndhèli | wong tuwamu lwih bêcik | sira iku wajib cakut | kang putra latah-latah | inggih ta ibu sayêkti | salamine botên nêdya kira-kira ||

38. lah ta bibi nyai lurah | puniki srate kiyai | ngangge kalih atus yatra | puniki saru tan sipi | dadi kula puniki | kadi nampani têtêbus | tan nêdya wade bocah | Si Maliyah kulit daging | sami darah milane angangge yatra ||

39. nyai tumênggung asigra | wau dènira nauri | bêndara sanès punika | tunggiling rêmbatan nênggih | rama paduka aji | têtela timbalanipun | yèn dede ing prakara | ing rêmbatan gène jinis | kang salawe kinintun ing para wayah ||

40. sampun anggèr salah tômpa | kalangkung sanès sayêkti | pangeran alatah-latah | sukur yèn makatên bibi | nanging yèn yêktos bibi | kula inggih ngangge matur |

--- 91 ---

dhatêng sri naranata | inggih bibi amrih tartib | anambungi Kangjêng Ratu Madurêtna ||

41. kulup bênêr saking sira | yèku utama sayêkti | pan amrih kaparcayaa | marang kang duwe nagari | lan padha kulit daging | wau ta pundhutan mêtu | kang ibu sinaosan | miwah ta ingkang têtami | nutug dènnya wong agung panadhahira ||

42. sawusnya sami dhadharan | têtamu sarowangnèki | kondur Ratu Madurêtna | tamu pamit dhèrèk prapti | Kaendranata prapti | nuntên pêndhak enjingipun | pangeran manjing pura | panggih lan ari narpati | matur lamun caraka Ngayogyasmara ||

215. Asmaradana

1. matur ing rayi Narpati | Dipati Mangkunagara | kula tamiyan sang katong | utusane rama tuwan | Jêng Sultan ing Ngayogya | nanging inggih kang jinujug | ibu Ratu Madurêtna ||

2. sinambat dhatêng kiyai | ibu kinarya jaruman | arênggang amrih rapête | panglêbure saru salah | amot ing kaemutan | punika surate katur | sang nata nampèni surat ||

3. winaos antuk sapalih | sang nata mèsêm ngandika | kakang mas paran ing mangke | karsa andika kakang mas | pênêd nuntên aturna | pira-pira ta puniku | darbèni eling kang tuwa ||

4. rèhning dadya nom puniki | kangmas sampun ngangkak-angkak | anikêlakên tuduhe | lair batine duraka | lan malihe kakang mas | boyong sami darahipun | cinara mungsuh wong

--- 92 ---

liya ||

5. amêthèl dhêngkul pribadi | pratingkah kang siya-siya | botên parah-parah ing rèh | pasthi nuntên dèn antukna | bênêre Si Maliyah | tumindak pintên puniku | anake Radèn Supama ||

6. sayêkti andalajati | anyuwèk-nyuwèk saruwal | tan wruh kalingkap ngurate | abangêt panutuh kula | maring dika kakang mas | mulane dika puniku | pêpênthul kaponthal-ponthal ||

7. lire pêpênthul pêpênthil | sanadyan padha daginga | yèn trah ing Mataram mangke | mung dika daging unusan | kabèh santana dika | kapengin padha kilayu | nunut kaprawiran dika ||

8. Paman Arya Mangkubumi | wite anunut kakang mas | nanging prayitna lakune | walêr sangkêr siningkiran | ngati-ati mrih tata | kang anunut bisa jêbul | culingkrik anama sultan ||

9. kang nginthil bisa angothil | kang dèn nunuti kapiran | kasrimpêt ing piangkuhe | pothar-pathir kompal-kompal | kadi buron manjangan | yèn sampuna kula kukup | tan wurung dadi rancapan ||

10. ingkang raka nulya pamit | sapraptaning dalêmira | sigra animbali age | utusane ingkang rama | nyai tumênggung prapta | hèh bibi kula pan sampun | matur dhatêng sri narendra ||

11. lajêng nênutuh dukani | sang nata dhatêng ing kula | akathah-kathah dukane | dene kongsi kinongkonan | wong boyong padha sanak | sêtun têmên botên urus | kakang mas piangkuhira ||

--- 93 ---

12. makatên sri narapati | dukane bênêr kewala | dene tan dèn ulihake | wong amboyong padha darah | bibi benjang mangkata | pan gawan kula rongatus | bibi dhatêng Si Maliyah ||

13. jêr kula wor para putri | nèng ngriki lara punapa | dhasar kadang sayêktine | mila kula aku anak | lan kula wèhi êmban | wau ta Nyai Tumênggung | Natayuda saurira ||

14. bêndara gih kadipundi | nadyan punika kang rama | tan kuwatir makatêne | amung lamine tan panggya | onênging asêsuta | pangeran suka gumuyu | bibi pan sami karasa ||

15. têpa ing badan pribadi | kangêne wong pisah anak | kula rada kabêsturon | tan kawarnèng dalunira | enjing wau angkatnya | wau ta nyai tumênggung | bêkta Dèn Rara Maliyah ||

16. apan ambêkta prajurit | kang cêcênthung kawan dasa | sawidak jagabayane | ambêkta mantri sadasa | lawan panèkêtira | dadya kuda kalih atus | ing marga tan kawursita ||

17. praptane ing Ngayogyèki | kalajêng katur jêng sultan | tinanggap ing saature | solahe nèng Surakarta | pan kadi cêcarita | ing pratingkah dukanipun | Sang Aprabu Surakarta ||

18. jêng sultan suka miyarsi | yèn Pangran Mangkunagara | dinukan ingolok-olok | dènnya boyong Dèn Maliyah | pan kongsi kinongkonan | dêstun yèn wong tanpa kusur | wong amboyong padha darah ||

--- 94 ---

19. nora dèn ulihkên nuli | kaliwat angangkak-angkak | wong liwat-liwat êdire | ngaku Pangeran Purbaya | kang ngajak mêmungsuhan | kang nadhahi walatipun | mila dhingini sarkara ||

216. Dhandhanggula

1. nyai tumênggung aturirèki | nênggih Kangjêng Ratu Madurêtna | sêdhahan jro kalih kinèn | angintip dukanipun | Sri Bupati Surakartèki | marang Suryakusuma | kunêng kang winuwus | Dèn Ayu Juru laminya | lan kang ibu nèng nagri Surakartèki | wus kawan dasa dina ||

148. Ngrêmbag ingkang badhe dados uprup wontên ing Surakarta

2. mung sadintên mring dalêmirèki | Pangran Dipati Mangkunagara | langkung sinuba-subane | kang pra santana kumpul | pan sadaya tumut manggihi | anèng Mangkunagaran | bubaripun surup | asipêng Kamadurêtnan | enjing pamit sang nata wus dèn lilani | kathah pêparingira ||

3. enjing budhal kaliwon kêkalih | sami gêdhong kang tinuduh lampah | bêdhol mantri panèkête | lan têtindhih Tumênggung | Rajaniti samantrinèki | kawan atus turôngga | ing pukul sapuluh | budhal saking Surakarta | lampahira mampir angujung nèng Pêngging | sadalu enjing budhal ||

4. apan namung sadalu nèng margi | enjing prapta ing pukul sadasa | ing nagari Ngayogyane | kunêng datan winuwus | ingkang [ing...]

--- 95 ---

[...kang] saking Surakartèki | Uprup Johan Abraham | praptèng mangsanipun | ginanjar kang tigang warsa | saking wêkêl nora wani nêdha malih | sami nèng Surakarta ||

5. pan kaduwung dènira apamit | Uprup Yan Hindrik Johan Abraham | tigang dina panangise | munggèng ngarsa sang prabu | langkung angrês sri narapati | kasèp tan katututan | surat jendral sampun | winangsulan ing sang nata | lamun Durpèl ingkang kinarya gêgênti | jaga rumêksèng praja ||

6. langkung dènnya mêdhot trêsna batin | dènyarsa mantuk nagri Walônda | kapalang-palang ciptane | gêng trêsna mring sang prabu | lan Dipati Mangkunagari | tuwin kang pra santana | dadya tyas sêdyarum | mangkate angusap waspa | wus kadyèstri angkate ing taun Alip | ping sanga likur Bêsar ||

7. ngantak-antak ing samargi-margi | Uprup Yan Hindrik Johan Abraham | parêng anunggil warsane | praptane Pangran Juru | petang ingkang sangkala nunggil | gunaning kang bramana | ngrasa tunggalipun |Sengkalan: gunaning kang bramana ngrasa tunggalipun (Ahad, 29 Bêsar 1683 A.J., Minggu, 3 September 1758 A.D.). Sri Bupati Surakarta | ing batine mring Abraham langkung asih | salamine mong suka ||

8. maksih suwung tumut bêbakali | Uprup Abraham milu kangelan | tanah Jawa badhamine | para prawira patut | dadi arja ing tanah Jawi | Surakarta wus tata | arja nagarèku | jaluka sapuluh warsa | lamun Abram limalas warsa sayêkti | pasthi antuk kewala ||

9. de wus kathah pakaryanirèki | tumut ngatutakên para raja | yèn wontêna panuwune | maring jêng sang aprabu |

--- 96 ---

pinundhutna kasèp kang kardi | mupus narima titah | cinêndhak ing laku | Yan Hindrik Johan Abraham | Uprup Durpèl praptane Surakartèki | lajêng tindak kuwasa ||

10. sèjèn ambêg uprup nguni-uni | datan wontên tingkah makatêna | ngêblêgi dêlèr angkuhe | amapag nyonyahipun | mawi mundhut wadana kalih | amapag Salatiga | kagyat sang aprabu | kapriye banjure baya | mapag nyonyah dadak anganggo bupati | maksih nimpên ing driya ||

11. ing pangunandikaning sang aji | apa arêp amuwuhi adat | tingkahe Si Durpèl kiye | nanging tansah sinamun | lami-lami sangkin katawis | yèn kala tatamiyan | ing santana agung | Dipati Mangkunagara | ukur-ukur ilang gupuhe tan kadi | uprup kang lama-lama ||

12. langkung tapi-tapi tan gumanti | nadyan Adipati Mangkupraja | tuwin pra dipati kabèh | tangkêbe ukur-ukur | othe-othe meme kaèksi | amung kêrêp sêsaba | maring dhusun-dhusun | angidul miwah angetan | miwah ngalèr sami anyanjata pêksi | cèlèng miwah manjangan ||

13. kongsi sipêng sawêngi rong wêngi | yèn mangilèn mring Pêngging sipêngnya | satêngah wulan lamine | miwah pitulas dalu | kongsi mantêp salawe wêngi | sagung gêgunung desa | nênggani atugur | amundhut pangaron anyar | lan jêmbangan anyar kalawan kuwali | tuwin sêkar sêtaman ||

14. karya pangkèng kajang kang kinardi | jêmbangan [jêmbang...]

--- 97 ---

[...an] anyar ingisèn toya | sarta sêkar sêtamane | dinèkèk pangkèngipun | mikat intên pakaryanèki | rina wêngi anendra | anèng pangkèngipun | Pêngging wetan kidul pasar | kang sinêmprong intên kapêndhêm ing bumi | Durpèl panêrkanira ||

15. apan roro gêdhene sacêngkir | mila Durpèl langkung pangungkihnya | salawe wêngi lawase | wikana antukipun | malih mampir Wanakartèki | lajêng pangobongira | mriyêm Ki Pamêcut | pinêcah sinêmpal-sêmpal | pan kinirimakên pamêcahan sami | dhatêng nagri Samarang ||

16. lami-lami kathah amiyarsi | kawistara mring para punggawa | panggawene Uprup Durpèl | tan pantês tingkahipun | karya susah kang nôngga kardi | galadhag mangkin awrat | saking polahipun | Nonah Durpèl dêdagangan | sri narendra kang raka dipun timbali | Pangran Mangkunagara ||

17. praptèng pura ngandika narpati | kadipundi puniki kakang mas | tingkahe Si Uprup Durpèl | kalantur tanpa tutur | kula botên tahan miyarsi | amêcah mriyêm kula | Kiyai Pamêcut | mèsêm kang raka turira | dhuh sang nata sinarèhakên sakêdhik | sampun tanggêl paduka ||

18. ujêr sampun kapyarsèng Kumpêni | yèn paduka narpati tamèng rat | alus alurus ambêge | dhêdhasar apurèku | sampun kongsi gêmpil arimpil | tata titi mêtatah | ywa wutah dèn wutuh | yèn tuwan nuntên ngarsakna | anandangi sayêkti kelangan titi | rêgag tyase Walônda ||

19. lamun [la...]

--- 98 ---

[...mun] rêgag tyasipun Kumpêni | nadyan dhangana kang pinarkara | agampang wêkasan angèl | sang nata ngandikarum | yèn makatên kangmas ririhi | kangmas animbalana | Si Mangkuprajèku | Arungbinang Wiradigda | miwah Sasradiningrat Puspanagari | dika sami rêmbagan ||

20. sigra mijil kang raka tumuli | saking pura praptèng dalêmira | nimbali Mangkuprajane | myang Puspanagarèku | Arungbinang Wiradigdèki | tuwin Sasradiningrat | prapta sadayèku | dalêm Kamangkunagaran | dhawuhakên pangandikaning Narpati | Pangran Mangkunagara ||

21. kang sinuhun kasusu ningali | nora tahan saru tiningalan | Uprup Durpèl piangkuhe | ingsun ingkang umatur | angaturi sarèh sayêkti | timbalane maring wang | nuli dika rêmbug | kalawan Si Mangkupraja | sakancane tukang bicara bupati | kumpula wisma dika ||

22. dinadèkna gunêm kang pinilih | pra upêsir ingkang aprayoga | gêntènana Uprup Durpèl | sang nata nuli mundhut | lan anggunêm panggitiknèki | alane ing pratingkah | iya Durpèl iku | Tumênggung Wirawidigda | sigra matur bêndara kang sampun asring | pun Bapak Mangkupraja ||

23. lan pun Arungbinang sampun julig | inggih bêndara kêrêp piyambak | ambucal Walônda gêdhe | Arungbinang sumambung | yèn Walandi ingkang babar ji | yèn môngsa winadulna | yèn pratingkahipun | akarya rusak wong desa | mung punika dandanan kang mitayani | sêbut nuntên binucal ||

24. sinalinan nuli ngati-ati | atêtarèn [atêtarè...]

--- 99 ---

[...n] sabarang prakara | tan purun tumindak dhewe | nuntên anut pukulun | ing kawula barang pakarti | mila momongan kula | Pagêlèn ping pitu | senapatine Walônda | Rèke Markèt Pusèl Salêmbèr Dismani | Kospêr lawan pun Bagrak ||

25. pitu punika amung kêkalih | kang apênêd mung Kapitan Disman | lawan pun Kapitan Markèt | nanging mangke pukulun | inggih botên wontên ing ngriki | ingkang wontên punika | mung Walandinipun | pun Bapa Amangkupraja | lan pun Kakang Tumênggung Wiradigdèki | pun Kulman lan pun Sobrat ||

26. gih pun Mayor Sakèbêr rumiyin | pun Tumênggung Rajaniti wêgah | saking gênge piangkuhe | duk Pagamping rumuhun | asêsambat pun Rajaniti | pun Bapa Mangkupraja | nuntên dènnya ngêkul | amung kintun pêdhèt gangsal | sarta sêrat Sakèbêr angraja kêcil | angkuhe nèng barisan ||

27. botên sande angrusak wong cilik | nuntên mangkêl Sakèbêr kaponthal | kacathil pothèl cucuke | linorod lênggahipun | tinimbalan maring Batawi | Istimolor gumantya | senapatinipun | alus aluwês wêlasan | datan purun barang rèh tilar bupati | kang angladèni karya ||

28. kados inggih Pagêlèn rumiyin | pun Kapitan Bagrak ngingkrak-ingkrak | saking Rungbinang pocote | prasami ampuh-ampuh | alon wau dènnya nambungi | Dipati Mangkupraja | Dhi Wiradigdèku | manawi mangsane beda | ing barisan kalawan [ka...]

--- 100 ---

[...lawan] anèng nagari | puniku bok manawa ||

29. Adhi Arungbinang kadipundi | dika kang wus nglakoni lan kula | ambuwang Walônda gêdhe | Rungbinang sauripun | gih ki lurah lamun Kumpêni | samôngsa dèn lapurna | ing piangkuhipun | tan wande ngrusak wong desa | kadi upas tan wande ngrusak wong cilik | duk mangsane barisan ||

30. jêr Kumpêni mung arjaning bumi | ingkang dadi ugêring bicara | unggah udhuning panggawe | mung arjane prajèku | lawan êris kamar Kumpêni | sumambung Wiradigda | puniku ta ratu | anênggih kang darbe karsa | pinungkurkên prakara pamukul mangkin | ginupit mèt prayoga ||

31. inggih ingkang patut anggêntèni | sintên upêsir ingkang sambada | puniku rinêmbag ngakèh | Rungbinang aturipun | kula botên darbe prayogi | sawab Walandi kula | Pagêlèn rumuhun | tan wontên ngriki satunggal | yèn wontêna kang têtiga aprayogi | Rèke Markèt lan Disman ||

32. kula inggih purun ananglêdi | ingkang tigang prakawis punika | ingkang botên pun Salêmbèr | lan pun Bagrak puniku | kula botên purun nanglêdi | kang wontên ngriki samya | gih Walandinipun | kang Tumênggung Wiradigda | lan Ki Lurah Dipati Mangkuprajèki | pun Sungrat lan pun Kulman ||

33. kalihipun sami pêkik-pêkik | Kakang Wiradigda lan ki lurah | kang wus waskitha baguse | pundi ta kang pinundhut | ing sênênge kang pra dipati | kang sinuhun pan darma | anut sênêngipun |

--- 101 ---

kang pra punggawa bicara | Wiradigda Rungbinang Puspanagari | tuwin Sasradiningrat ||

34. bok kasêlak kangjêng bêndarèki | dinangu marang Ari Sang Nata | Dipati Mangkuprajane | alon ing wuwusipun | Kulman Sungrat aluse sami | nanging kapara lanas | Sungrat watakipun | tapi salamête padha | ing têgêse jatmika Kulman sakêdhik | momot wruh ing raharja ||

35. datan ririh ing rèh ngarih-arih | Sungrat ambêkira ragi rikat | lanas salamêt batine | Kulman jaba jro alus | duk anglurug kinanthèn dhingin | prajurit kawan dasa | wong jro padha gêcul | prajurit agung-agungan | pêdhak ratu piangkuhe nora wigih | mring Kumpêni ngron kamal ||

217. Sinom

1. Mayor Istimolor ingkang | kêmbang lambe sok dèn incih | wadhuke arêp tinumbak | abrawala pêndhak enjing | nuli Kulman nindhihi | wani kalah ing piangkuh | bisa mrih pangrêrêpa | apurane dèn têtêpi | suyud kabèh prajurit jro kawan dasa ||

2. sami ambapa mring Kulman | apurane dèn têtêpi | anglabuhi lara pêjah | nêmua antêping jurit | katalèn sadayèki | prajurit jro patang puluh | kabèh tukang bicara | miyarsa ing kojahnèki | kyai patih lan Tumênggung Wiradigda ||

3. wus sami gilig sadaya | têtêp Kulman kang dèn pilih | Tumênggung Puspanagara | ngusuli watak sakêdhik | namung Kulman puniki | wontên inggih wagêlipun | dene Walandi [Wa...]

--- 102 ---

[...landi] Prêsman | wontên bedane sayêkti | pawartane puniku Kumpêni Prasman ||

4. yèn wontên ing tanah Jawa | tan kêni tumindak malih | liyane nama kapitan | sanès Kumpêni Walandi | para bicara sami | jêjaragan sami muhung | nadyan nora kênaa | pinilihakên kang bêcik | bubar saking dalêm Kamangkunagaran ||

5. Dipati Mangkunagara | sontêne malêbèng puri | wus panggih lan ari nata | palênggahan nèng pandhapi | matur sampun pinilih | lan para bicara wau | miwah pun Mangkupraja | lan bupati para pikir | rêmpêg turnya mung milih Kapitan Kulman ||

6. dene ta botên sumêlang | kang sami wontên ing ngriki | sanadyan langkung pênêdnya | kathah kang tan wontên ngriki | Rèke Markèt Dismani | tan wontên ngriki gènipun | kapitan kang têtiga | nèng Pagêlèn musthikani | purun nanggung pun Tumênggung Arungbinang ||

7. sang nata andikanira | inggih ta kakang mas inggih | sanajan botên kênia | pun Kulman jagi ing ngriki | angsal antuka salin | Kumpêni kang datan angkuh | wus kinèn karya surat | marang Idêlèr Samawis | wusnya dadya nuduh kêkalih punggawa ||

8. Tumênggung Wirawidigda | wadana lêbêt satunggil | Tumênggung Sasradiningrat | wus têlas tampi wêwêling | wau tumênggung kalih | wus lêstari lampahipun | ing marga tan winarna | sapraptanira Samawis | Wiradigda kalihe Sasradiningrat ||

9. lajêng wus panggih kalawan | Idêlèr Nikolas Harting |

--- 103 ---

tampi surat maharaja | winaos sinuksmèng galih | tamat wus dèn urmati | mariyêm lir gunung guntur | dêlèr aris têtanya | marang ing tumênggung kalih | kadiparan Si Durpèl ingkang pratingkah ||

10. tumênggung kalih saurnya | tuwan botên wontên malih | mung sanès ingkang kalawan | uprup ingkang dhingin-dhingin | Totlomondo lan malih | Johan Abraham puniku | sami kalih rujuknya | supêkêt lan sri bupati | tuwin lawan Dipati Mangkunagara ||

11. Nikolas Harting lingira | ewuh têmên ing tyas mami | Si Kulman arsa dèn angkat | kinarya mayor bragêdir | têtindhih ing prang kucing | karsane tuwan gurnadur | wus katon karyanira | nèng Jawa pitulas warsi | duk soldhadhu malah anama kapitan ||

12. ing prang têtela prawira | antuk pangeran sawiji | Pangeran Adiwijaya | Si Kulman ingkang anggitik | Sakèbêr Senapati | durung antuk sirahipun | ya punggawane mêngsah | ingkang kapupu ing jurit | bingarakên Si Kulman dukane jendral ||

13. wus padha kinira-kira | Kulman yèn gêdhea thithik | mayor anèng tanah Jawa | kaya kêlara nadhahi | ing Pangran Mangkubumi | kang kêna mring Kulman iku | aprênah ingkang raka | mring Pangeran Mangkubumi | ingkang rayi-rayi tan ana tumama ||

14. amungsuh Kapitan Kulman | Purubaya Singasari | Suryadi Mangkukusuma | têtêp Si Kulman prajurit | ya lêwih bêgjanira | yèku karsane sang

--- 104 ---

prabu | nadyan dudu Si Kulman | yêkti pinilih kang bêcik | kang sayoga bisa anjaga sang nata ||

15. sayêkti atur uninga | marang nagari Batawi | yèn Durpèl datan prayoga | ajaga ing sri bupati | sêrat wus dèn angsuli | nèng Samarang tigang dalu | codakaning narendra | Tumênggung Wiradigdèki | punggawa jro Tumênggung Sasradiningrat ||

16. wus budhal saking Samarang | datan kawarna ing margi | praptèng nagri Surakarta | surat katur ing sang aji | wêwangsul ing Samawis | gya tinupiksa sang prabu | kadriya têmbungira | Idêlèr Nikolas Harting | sampun susah ing driya paduka nata ||

17. yêkti nuntên kalampahan | nyuwun rèrèh ing sakêdhik | kula sawêg tur tupiksa | inggih dhatêng ing Batawi | sukèng tyas sri bupati | ingurmatan suratipun | wau ta sri narendra | kang raka dipun timbali | praptèng pura Dipati Mangkunagara ||

18. wus tata munggèng pandhapa | kang raka dipun uncali | surat kang saking Samarang | winaos sinuksmèng galih | suka Sang Adipati | Mangkunagara umatur | punika sampun eca | kula inggih nuntên mijil | akasukan lan sagung kang pra dipatya ||

19. dènnya Durpèl badhe ical | sukane kang pra dipati | salaminira jinaga | Kumpêni kang ngêpalani | amung Durpèl puniki | angkuh akuthuh tur rusuh | marma rame drawina | anutug bubarirèki | ya ta kunêng gantya ingkang kawuwusa ||

20. dutane dêlèr wus prapta | kang saking nagri Batawi | gurnadur [gurna...]

--- 105 ---

[...dur] nyakarêp marang | Idêlèr Nikolas Harting | singa ingkang prayogi | kang sayogya bangun turut | ajaga ing narendra | mangkana Nikolas Harting | kang pinantês Kumpêni saking Ngayogya ||

21. kala pan dar Pol Kapitan | punika lutnanirèki | pan dar Pol sapêjahira | punika kang minggah kaptin | môngka pulmakirèki | Baheman mring Mayor Dungkur | mangkya wus kaparcaya | pinundhut marang Samawis | nèng Samarang nama kapitan kumêndhan ||

22. dadya pangirid bicara | miwah pramukaning jurit | Kapitan Kumêndhan Beman | lan wus tate kula-kuli | lan para ratu Jawi | sultan kalangkung sahipun | têkone bisa ngômpra | nadyan wus dadi upêsir | yèn ngladosi anèng ngarsane jêng sultan ||

23. pindha ajidan kewala | sumarikut ithak-ithik | miwah yèn kala nèng têba | jêng sultan pratingkahnèki | suka namur ing wêngi | nilib analika mungsuh | Beman punika ngadhang | wus angangge cara Jawi | panggya sultan nulya lumampah nèng ngarsa ||

24. punika sagêde Beman | nyuwitani ratu Jawi | sabarang pakaryanira | dèn awaki lir pakathik | mila Nikolas Harting | tan wontên prayoginipun | liya Kapitan Beman | ngajur ajèr bisa manjing | yêkti bisa mirapêt jaga ing raja ||

25. wruh ing adat ratu Jawa | nir mamak sikara budi | wus dadya bicaranira | antawis samadya sasi | praptanirèng Samawis | angsul-angsule gurnadur | wus têtêp kang bicara | Durpèl [Durpè...]

--- 106 ---

[...l] sampun dèn timbali | mring Samarang pêcat saking Surakarta ||

26. Durpèl praptaning Samarang | Nikolas Harting tinuding | ambêkta Kapitan Beman | ingaturakên Sang Aji | Prabu Surakartèki | petor bêsar kang tinuduh | lan Kumpni kanthinira | praptane Surakartèki | sasi Sura taun Je tanggal kasapta ||

27. wus panggih lawan sang nata | miwah panggih Sang Dipati | Mangkunagara nèng pura | tuwin sagung pra dipati | santana pêpak sami | sêrate idêlèr sampun | winaca ingurmatan | wusnya sadaya umijil | saking pura Dipati Mangkunagara ||

28. lajêng ngatêrakên samya | lan pra dipati mring loji | tuwin kang para santana | sukak salamête sami | ing adêgira mangkin | munya drèl mriyêm gumuntur | umadêg Uprup Beman | Sura ping sapta Rêspati | ing taun Je nèng nagari Surakarta ||

29. sinangkalan rasa liman | angobahakên ing janmi |Sengkalan: rasa liman angobahakên ing janmi (Kêmis, 7 Sura 1686 A.J.), sic. seharusnya: Sêlasa, 7 Sura 1686 A.J., Selasa, 19 Agustus 1760 A.D. antara ing pitung dina | Mayor Dungkur ing Samawis | praptèng Surakartèki | tinjo Beman madêg uprup | kathah pituturira | wêwatêke ratu Jawi | nora kêna kalamun kungkulan karsa ||

30. Si Durpèl anêmu ala | piyangkuhe kumawani | yèn nêmua kangjêng sultan | Si Durpèl pasthi bilai | sira wêruh pribadi | jêng sultan watêkanipun | katuju ingkang putra | sang nata ing kene alim | wa mangkono kapirsaa ingkang rama ||

31. Ki Pamêcut kang dèn gêcak | sultan pasthi bilaèni | iya saking parmaningwang |

--- 107 ---

bangêt ingsun anasabi | jêr padha duwe waris | mriyêm iya Ki Pamêcut | Sang Natèng Surakarta | liwat sabar apurèki | nora atur tupiksa marang kang rama ||

32. mring Kumpêni liwat ngeman | tan nêdya gawe bilai | kawênangana kang rama | Si Durpèl wus dèn sujèni | liwat matak tan sipi | asikara tambung laku | iku dèn eling sira | wêwatêke ratu Jawi | nora olèh ginagampang ing sarkara ||

218. Dhandhanggula

1. ya ta wau petor bêsar sami | lawan Mayor Dungkur ing Mataram | samya dhatêng ing dalême | Mangkunagara rawuh | Uprup Beman tumut angiring | Dipati Mangkupraja | ngirid pra tumênggung | miwah kang para santana | andrawina lan tamu Petor Samawis | tuwin Mayor Ngayogya ||

2. langkung suka pya boga sakenjing | bebas kuluking para dipatya | wuru rusuh rêrênggane | mayor lan petor anggung | mulat sukaning pra dipati | têlèdhèk kadi onclang | giyak bata rubuh | awit enjing rêp bubaran | tamu petor bêsar wus sawêlas wêngi | pamit mantuk Samarang ||

149. Pangeran Juru tindak dhatêng Surakarta

3. kunêng ingkang kawuwusa malih | kangjêng sultan nimbali kang paman | Pangeran Juru praptane | ing ngabyantara prabu | kangjêng sultan [su...]

--- 108 ---

[...ltan] angandikaris | paman dawêg rêmbugan | ngiras pantêsipun | anak Prabu Surakarta | wayah dika putrèstri mêdal ing pinggir | mangke sampun diwasa ||

4. paman sêdhêng antarane mangkin | nguni anak Prabu Surakarta | kang sampun mungêl surate | dènyarsa apêpangguh | lawan paman yèn sampun bibi | Bibi Kulon wus lawas | inggih praptanipun | saking nagri Surakarta | nulya gênti paman lumampah tumuli | dhatêng ing Surakarta ||

5. anak prabu ngarêp-arêp pasthi | dika dandan paman anuntêna | tan susah mawi srat manèh | yèn paman kang lumaku | kula paman sambèn wêwêling | wayah ta Ki Sundara | ngèngèrna puniku | mring Kangmase Surakarta | buyut dika ing Surakarta kang mijil | putri saking ampeyan ||

6. kula puhung de pambarêpnèki | Pangran Juru umatur sandika | jêng sultan pangandikane | sintên patut kang tumut | punapa ta kaliwon kalih | Pangran Juru turira | kagêngên pukulun | mung inggih mantri kewala | tiyang sêpuh cukup pan ukur lumaris | lampah alit kewala ||

7. kangjêng sultan mèsêm ngandikaris | botên kenging paman angringkêsa | lungsuran dhêdhalang gêdhe | kapindhone sêsêpuh | ing nagara mapan ing mangkin | ngangge baris watara | ngiring paman patut | bocahe paman piyambak | wontên pintên Pangran Juru matur aris | inggih satus balaka ||

8. ingkang kawan dasa sikêp karbin |

--- 109 ---

ingkang asikêp waos sawidak | mung punika kalothoke | jêng sultan ngandikarum | kula paman inggih gawani | mantrine kalih dasa | Pangran Juru matur | bilih kathahên punika | botên paman yèn kaliwon botên mawi | mantri kewala kathah ||

9. duk punika Pangran Juru nênggih | jênêngakên waose sawidak | sawidak nèh pamêthuke | sultan undhang wadyagung | anyalini pamêthuk sami | mêthuk Kajuron samya | ingkang kinèn niru | waos prajurit jro samya | miwah agêm dalêm sadaya sinalin | pamêthuke atelat ||

10. pamêthuk Kajuron caranèki | kangjêng sultan alon angandika | paman saragni numbake | para busananipun | Pangran Juru umatur aris | inggih pun anak Rôngga | Prawiradirjèku | kula sambat mêmantêsa | dipun pantês arasukan gandhul putih | sangkêlat wungu samya ||

11. talakupe lan saruwalnèki | ingkang numbak sami kêkomboran | panji-panji saragnine | jangkangan lurahipun | banderane wungu aciri | dul bakaripun pêthak | langkung saking patut | kula eram astahfirlah | padha tiru ratuning wong Yoja iki | wasis ngrakit busana ||

12. duk kawula prapta wontên margi | abdi dalêm kang mêthuk sadaya | kula anggung kagèt-kagèt | takèn dhatêng pun Dungkur | lampah kula samargi-margi | prajurit dalêm samya | wadya jro kang mêthuk | busanane warna-warna | ing gagrage rowa ngungkuli Kumpêni |

--- 110 ---

rowane rowa rikat ||

13. Mayor Dungkur gumujêng nauri | bapak sudhah jadi orang dhesa | nèng nagri Selong kalamèn | lakar inggih pinunjul | kangjêng sultan yèn busanani | tuwin gêlaring aprang | wagêde kalangkung | apikir kadi kajiman | wong Kumpêni hebat tan ana kadugi | ing gêlare jêng sultan ||

14. kangjêng sultan mèsêm ngandikaris | inggih paman mugi ta tulusa | sawabing lêluhur kabèh | pamujine nak prabu | ingkang dadi pandonga sami | paman kalamun prapta | ing Surakartèku | panggihe wayah andika | anak prabu Si Bibi Kulon awarti | duk saking Surakarta ||

15. trus lan wong kathah pawartanèki | lamun Anak Prabu Surakarta | nyata putra pambayune | paminggir bibèkipun | dudu saking si êbèng nênggih | nadyan si makatêna | paman kula muhung | yèn pinarêng karsaning Hyang | wayah dika pan Ki Sundara ing benjing | katura wayah dika ||

16. Anak Prabu ing Surakartèki | panakawan panggih laki paman | liwat bêcik patêmone | sandika aturipun | Pangran Juru nêlas winêling | wus mêdal saking pura | prapta dalêmipun | angundhangi balanira | sigra budhal saking Ngayogya nagari | wuwusên Surakarta ||

17. Adipati Mangkupraja myarsi | lamun Pangran Juru badhe prapta | utusan mêthuk patihe | Suradirja lumaku | kuda satus ingkang lumiring | mantri jawi sadasa | kang mêthuk Dêlanggu | ngaturkên sugatanira |

--- 111 ---

kèndêl anèng Dêlanggu amung sawêngi | enjinge budhalira ||

18. praptanira ing Surakartèki | Sênèn Lêgi Ruwah kaping gangsal | maksih nunggil ing taune | duk Beman madêg uprup | Adipati Mangkuprajèki | lajêng atur uninga | ing jêng sang aprabu | yèn Pangran Juru praptanya | timbalane sang nata nêngna sawêngi | esuk iridên seba ||

19. kunêng dalu kawuwusa enjing | Pangran Juru sampun dhinawuhan | kerid kya patih lampahe | prapta ing loji sampun | lawan uprup sampun apanggih | lajêng dènnya siyaga | wau tuwan uprup | wus lajêng uprup adharat | praptèng pura pun Beman lajêng pribadi | wus panggih lan sang nata ||

20. Pangran Juru lan kyai dipati | ing srimanganti wau kèndêlnya | uprup alon ing ature | inggih pun Kaki Juru | kèndêl wontên ing srimanganti | lawan pun adipatya | ngandika sang prabu | wus kinèn nimbali sigra | Nyai Soka mijil sampun andhawuhi | pangran lan Mangkupraja ||

21. ya ta gupuh wong agung kêkalih | sampun kerid marang nyai lurah | praptèng byantana prabune | sang nata tilar gupuh | ing amparan jumênêngnèki | ing ngarsaning amparan | Pangran Juru gapyuk | sang nata dhodhok sakêdhap | sêsalaman pangeran asru turnèki | bopong minggah ing dhampar ||

22. sampun uwas-uwas padukaji | nadyan kaki tan wontên narendra | sêsaman palênggahane | amung lan gurunipun |

--- 112 ---

sêsamaning lawan narpati | mangke lawan Walônda | lan santananipun | kang senapati ngayuda | pan pun kaki botên prawira ngajurit | gumujêng sri narendra ||

23. inggih sami basuki pun kaki | paman sultan sami karaharjan | Pangeran Juru ature | pan inggih taklimipun | rama tuwan sri narapati | malih nata ngandika | pintên laminipun | pun kaki nèng nagri Selan | aturipun inggih gangsal wêlas warsi | lumampah ing nêmbêlas ||

24. sarwi ngungun matur waspa mijil | anggung anyawang pangungunira | lir nyupêna panyiptane | akathah kang dinangu | wau kangjêng sri narapati | alon kang pangandika | marang tuwan uprup | Si Kaki Juru ing benjang | yèn lumêbu aja nganggo maring loji | ambanjura kewala ||

25. Uprup Beman sumôngga turnèki | inggih lêrês ing karsa sang nata | Bapak Pangeran Jurune | susah apan wong sêpuh | yèn mawia mampir mring loji | benjing pulang kewala | bapak dika besuk | têtêmua lawan kula | dene mangke sumiwia sabên ari | lêstaria kewala ||

26. uprup sampun kalilan umijil | sri narendra abêbisik marang | Dipati Mangkuprajane | kancamu pra tumênggung | padha nêmonana mring kaki | lan padha angujunga | mrih supangatipun | sandika ki adipatya | sri narendra kaki mijila rumiyin | maksih aragi sayah ||

27. benjing ênjing lumêbêta malih | nulya mêdal [mêda...]

--- 113 ---

[...l] saking pura lawan | Dipati Mangkuprajane | prapta pakuwonipun | kapatihan kang pra dipati | tan kongsi ingundhangan | wadana prapta wus | Tumênggung Wirawidigda | Ki Tumênggung Rungbinang Mangkuyudèki | tuwin Jayanagara ||

28. sampun munggèng pasowan ing jawi | tuwin kaliwon mantri akathah | kang sami wontên kajate | miwah sudagar ngindhung | ingkang sami abdi ing nguni | panèkêt panlawenan | akèh kang panajung | Pangeran Juru praptanya | pakuwone gêdhong sakilèn pandhapi | duk cucul kampuhira ||

29. myang wadana lêbêt sawêg prapti | kerid Tumênggung Puspanagara | miwah Sasradiningrate | lan Tirtawigunèku | tuwin Puspakusuma sami | Dipati Mangkupraja | nèng pandhapa sampun | ngaturi kang pra wadana | nèng pandhapa wus sami dèn suwarani | kang rumiyin ngujunga ||

30. sakathahe kang wadana jawi | nuntên wadana lêbêt gumantya | sami sandika ature | wau Pangeran Juru | sinaosan dhahar rumiyin | sadaya sêsemekan | pan wong agung sêpuh | sakit sêsarap kasepa | ri wusnira Dipati Mangkuprajèki | ngirid kang pra wadana ||

219. Asmaradana

1. sakawan wadana jawi | kang ginawa ki dipatya | yèn sampun nuli agêntos | wadana lêbêt sadaya | kèrid Sang Adipatya | Mangkupraja wus atundhuk | wus tata dènira lênggah ||

2. umatur sang adipati | punika prayayi kônca | wadana ngujung kajate | inggih dhatêng ing sampeyan |

--- 114 ---

sigra Ki Wiradigda | ngujung sangêt anguswa sru | ngusapa lêbuning pada ||

3. Pangeran Juru tanyaris | sintên puniki dhi lurah | Ki Mangkupraja ature | punika pun Wiradigda | kadi supe sampeyan | inggih saking karsanipun | wayah paduka sang nata ||

4. kinarya wadana jawi | panumping kawiragunan | mèsêm wus emut driyane | gih adhi pun Wiradigda | sêdhêng dadi wadana | pênêd karyaning prang pupuh | duk Talgaji palayapan ||

5. gantya Rungbinang ngabêkti | nguswa suku dalamakan | wusnya dangu ing undure | Pangeran Juru têtanya | sintên adhi punika | gya Mangkupraja turipun | pun Tumênggung Arungbinang ||

6. wadana sèwu samangkin | dene rumiyin punika | pun Ônggawangsa ing Winong | bapakne panèwu lama | lajêng kadange tuwa | inggih panèwu ing Sèwu | ing Winong pun Ônggawangsa ||

7. punika kang wontên jawi | Pangeran Juru kemutan | apa ta sira arine | kang aran Surawijaya | inggih jasad kawula | Pangran Juru mèsêm muwus | sêdhêng dadia wadana ||

8. punapa dika tan eling | Adhi Lurah Mangkupraja | duk ing nguni wadanane | wong Sèwu Ki Kandhuruan | pocot panèwunira | Ki Ônggawangsa pan wurung | dene kadange taruna ||

9. pamogoke datan apti | kaparentah ing wong liya | kinêpung wong sa-Pagêlèn | parandene nora kalah | punapa inggih dika | Surawijaya rumuhun |

--- 115 ---

tur sêmbah inggih kawula ||

10. mèsêm Pangran Juru angling | patut dadia wadana | kêrta jaman wus dadi lok | nambungi ki adipatya | dhasar mangke punika | katog pênêd damêlipun | ngantos putra tuwan sultan ||

11. têdhak Pagêlèn pribadi | saking panasing wardaya | kang rayi kalih kawone | Pangeran Arya Panular | miwah Pangeran Rôngga | binalêdig sabên tarung | esuk sore dèn gêgacar ||

12. tan sagêd ngancik paminggir | mila sultan sangêt suka | ngawaki gêcak Pagêlèn | kula Kêdhu linangkungan | kula ngili kewala | Walandi kula rongatus | kalong sèkêt ngajak minggat ||

13. edan kudu ngajak ngili | nangis kudu mring Samarang | prang sapisan bok pinindho | pasthi bebas babar pisan | pun Adhi Arungbinang | sultan anggung dèn balithuk | dening layang kamandaka ||

14. gumêr sagung kang miyarsi | Pangeran Juru ngandika | mèsêm sarwi gèdhèg-gèdhèg | adhi lurah kangjêng sultan | asring dènnya ngandika | atutur ing wêgahipun | mungsuh Anak Arungbinang ||

15. botên wêgah ing ajurit | wêgah dening kamandaka | sajroning srat sêsambate | arsa nora dèn gugua | jênênge senapatya | senapatining prang pupuh | wajib angapurèng mêngsah ||

16. kang sêsambat atur tulis | sanadyan nêdya acidra | sok aja saking wak ingong | senapati tan ngapura | buta tuli kewala | tindak sakrama sakramu | dudu trah prajurit nyata ||

--- 116 ---

17. lawan dudu wong abêcik | akarya apêsing rewang | iku trah wong ala bae | urakan tur sêngkan anyar | wong lanas watêk kêras | nistha madya tan dèn etung | nora mikir kautaman ||

18. kang satêngah wuwusnèki | senapati bêk apura | têmah nora kinawêdèn | tan ana kapok wong cidra | iku ambêg wong murang | bingung kumprung tur kapaung | gugup tur kurang santosa ||

19. yèn kula gitik nagari | pan dèrèng nate rêkasa | amung inggih ing Pagêlèn | paman ngantos gangsal wulan | ing Pathi Pakalongan | Dêmak pun Rôngga Madiun | mung nigang êjam kewala ||

20. nèng Pagêlèn mila lami | botên lami ing ayuda | pijêr ngraoskên surate | patêluke Arungbinang | têluk batin kênia | ing batin sampun kadulu | mêmêlas sambat angrêpa ||

21. kula têngga gangsal sasi | amung prang kaping sakawan | wiwit prang Pamêlarane | kala saking Kêdhu prapta | pinêthuk prang Mêlaran | Kapitan Kospês kang lampus | dragundêre kawan dasa ||

22. prang Ungaran kaping kalih | tan wontên upêsir pêjah | Walandi alit kemawon | kaping tiga prang ing Ngambal | Kumpêni tigang dasa | duk prang ping sakawanipun | prang Jênar sasat kiyamat ||

23. saengga rêbah ing wukir | ribut arukêt pawornya | pêjahe Kapitan Uce | Kumpênine tiga bêlah | lajêng angalih papan | prang Jati Pandhawa riwut | Mayor [Ma...]

--- 117 ---

[...yor] Kalèrêk kang pêjah ||

24. tumpêsan bala Kumpêni | dragundêre kapat bêlah | tri atus jalan kakine | nungkul gêsang sèkêt gangsal | dene Kumpêni Islam | pêjah sèwu kalih atus | lan wolung dasa sakawan ||

25. akathah têtiyang mati | mungsuh rewang ingkang pêjah | lamine wontên Pagêlèn | inggih pijêr jêjagongan | surate Arungbinang | gih paman wêkasanipun | sêsambat atutur warta ||

26. tuwan badhe dèn aturi | dhatêng ing rayi sampeyan | Dipati Jayaningrate | têdhak dhatêng Pangangsalan | mila mangke kawula | ajrih yèn darbea atur | nyaru wuwus tanpa ngrasa ||

27. sayêkti agêng kang pikir | tuwan lan rayi sampeyan | mèh timbang sami wawrate | punika pantês prayoga | nglawanana bicara | kula pun Rungbinang nuhun | datan pantêsa bicara ||

28. kalawan jêng padukaji | kula ingkang damêl nistha | abdi kang damêl pangraos | purun lêlawanan sêrat | patik langkung nêracak | gih amung bicara jagul | punika purun kawula ||

29. yèn rayi sampeyan benjing | dhèrèk sakarsa paduka | Pagêlèn gampil kemawon | sadaya yèn tanah Jawa | kadi botên sumêlang | kula paman têka nurut | dicêngengong Arungbinang ||

30. panggraitèng kula batin | Si Rungbinang iki baya | wus agilig ing rêmbage | lan si adhi Pakalongan | de wruh bakal kongkonan | adhi mas marang ing ingsun | amung [a...]

--- 118 ---

[...mung] ngêlêti kang dina ||

31. pun adhi dutane prapti | pun Rôngga Purwadipura | angaturakên surate | kula baris Barengkelan | dhimas ngaturi têdhak | masang sônggarungginipun | dêlèr sangêt butarêpan ||

32. pun adhi mas angêngijing | sampun tan purun nunggila | wong Pakalongan barise | buh mangsanipun gapruka | mila kangmas dèn rikat | têdhak paduka pukulun | dhatêng nagri Pangangsalan ||

33. kula gugup mara nênggih | mring pun adhi Pakalongan | dadya tilar ing Pagêlèn | mila dèrèng kongsi rata | Pagêlèn misih mangkak | paman saking wagêdipun | Si Tumênggung Arungbinang ||

34. sangêt ngungun kula adhi | èngêtane kangjêng sultan | ing mangke anggung pinoyok | Adhi Lurah Mangkupraja | nguni sapolah kula | rêmbag papetar puniku | jêng sultan èngêt sadaya ||

35. mila kula dèn poyoki | kabèh kaluputan kula | sultan wiwit majartine | lêlakon kula kang salah | puniku kang cinêgah | amurwa kula rahayu | amrih luhur ing wêkasan ||

36. bab Pangran Têpasanèki | puniku yèn kangjêng sultan | botên patitis kisase | maksih pantês ingapura | sinupatan kewala | nuntên dèn srahna puniku | kang senapati santosa ||

37. makatên pikire adhi | sultan awas ing wêweka | tiwas kawula pêpinton | dene kirang pangapura | mila apêsing aprang | sultan panggraitanipun | tiwas kula winiweka ||

--- 119 ---

38. Mangkupraja turirèki | inggih ta sampun dilalah | sabarang yèn kêdah dados | têka emut ing wêweka | nyêgah tuladhan lêpat | wong agung sarêng gumuyu | sami ta botên kadosa ||

39. sigra gumantya ngabêkti | Tumênggung Jayanagara | Pangeran Juru têtakèn | dhi lurah puniki sapa | matur ki adipatya | puniki wijiling dhusun | ing Lumbu Sutawijaya ||

40. pênêd damêle ngajurit | mila kinarya wadana | ingagêngkên wadanane | Tumênggung Jayanagara | Pangran Juru ngandika | gih nadyan wijiling dhusun | lamun puniki sêmbada ||

41. ing dhêdhapuran prayogi | utawi pênêding karya | ing paprangan prawirane | pantês andhokohi yuda | ulate galak tatag | kaya anyuduka gapruk | arowa gagah asinggah ||

42. mundur gantya kang ngabêkti | Ki Tumênggung Mangkuyuda | Pangran Juru gya têtakèn | sintên puniki ki lurah | matur sang adipatya | gêbal sampeyan pukulun | anak panèkêt nirbaya ||

43. kadangipun paman Wêdhi | kang anèm pun Sutamarta | saking kaparak wijile | katingal pênêding karya | mila inggih kinarya | wadana bumi pukulun | kang karya wayah paduka ||

44. Radèn Sukrama rumiyin | mêningi alam sampeyan | toging damêl lacak lècèk | balik ing putra andika | Jêng Sultan ing Ngayogya | duk sakêdhap prang kaburu | nuntên balik ing Walônda ||

45. nuntên sultan unggul malih | Kumpêni malih kasoran |

--- 120 ---

nuntên enggal wangsul malèh | ing putra paduka sultan | inggih Radèn Sukrama | sultan watak sêtya tuhu | Radèn Sukrama dèn lunas ||

46. prasami kêkês ing wuri | dene kadang naking sanak | kasêmbuh dadi ipene | bolak balik ati rucah | milanipun dèn lunas | gumujêng Pangeran Juru | inggih talah adhi lurah ||

47. watak tanggon mati urip | mantêp watake jêng sultan | nadyan kadang tuwa lècèk | punika kinarya lunas | inggih Radèn Sukrama | ki adipati umatur | mila ing mangke karsanya ||

48. walah paduka sang aji | ing bumi tumut angiwa | ingkang bumi jênêngane | gêbal sampeyan punika | ingkang karsa sang nata | kinarya wadananipun | ing mantri bumi samangkya ||

49. Pangran Juru mèsêm angling | adhi yèn wiji kaparak | pantês minggah saênggone | nadyan Panajung dadosa | bupati tanya nyêngka | Radèn Sukrama puniku | dede wataking prawira ||

50. wadana lêbêt gya prapti | Tumênggung Puspanagara | ngirid prapta sakancane | duk sami tata alênggah | Pangran Juru têtanya | sintên ta adhi puniku | matur wau ki dipatya ||

51. pan wadana lêbêt sami | nguni pun Kakang Tohjaya | ing Lamongan Ngabèine | mangkya kinanthi sang nata | duk jêngkar Pranaraga | atilar Lamongan labuh | saanak putu binêkta ||

52. anglabuhi lara pati | kondure putra paduka | ing nagri duk karêbate | inggih pun kakang punika |

--- 121 ---

tan kalilan mantuka | mring Lamongan karsa prabu | kinanthi nèng Kartasura ||

53. rêmak rêmpu angantêpi | ing punika pan kinarya | ing têngên wadana gêdhong | Tumênggung Puspanagara | pangran sigra anyandhak | agupuh ing astanipun | Tumênggung Puspanagara ||

54. adhi lurah kawuleling | duk Pamrêbung lawan kula | kuyu-kuyu salamine | mangke sêdhêng kinanthia | mukti anèng nagara | wêwalêse sêtya tuhu | abdi kang alabuh pêjah ||

55. tan kalilan angabêkti | asêsalaman kewala | mung mangsah mundur sêmbahe | agantya Tumênggung Sasra | Pangran Juru têtanya | ki adipati sumaur | inggih pun Sasradiningrat ||

56. pun Paman Kartayudèki | ing Warung kang asêsuta | ingkang pinundhut sang katong | manakawan nèng jro pura | duk jêngkar botên pisah | mangkya kinarya pukulun | wadana kaparak kanan ||

57. Pangran Juru ngandikaris | pan punika pulang kandhang | mantri kaparak bapakne | iki angungkuli bapa | nulya Puspakusuma | ki patih matur nakipun | pun Kakang Puspanagara ||

58. wadana kaparak kering | Pangeran Juru ngandika | eling nagara wêwinèh | dika ing ngriki dhi lurah | ing tabêd dèrèng ilang | punggawane bagus-bagus | pantês angrèh pêpucungan ||

220. PocungTeks asli: Pucung.

1. pra Tumênggung Ngayogya gih bagus-bagus | nanging maksih kêmba | botên nyamlêng kadi ngriki | botên asor patute dika dhi lurah ||

2. inggih lamun lêlawanan bicarèku |

--- 122 ---

bilih kalêrêsan | mratikêlakên ing pikir | lamun botên kalêrêsan ta wikana ||

3. ing Ngayogya pan amung jêng sultanipun | kang gawat kaliwat | tatag tanggon amrih titih | titikane ing tata tinula-tula ||

4. barang laku tanggah tangguh têtêg kukuh | tan mingsêr satêbah | winawas wani ngantêpi | gêgamane ing batin mung lakaola ||

Tamat.

--- [0] ---

Isinipun

... Kaca

137. Kraman Pangeran Madukara ... 5

138. Pangeran Mangkunagara kondur dhatêng Surakarta ... 10

139. Kangjêng Sunan pêpanggihan kalihan Dêlèr wontên ing Salatiga, namtokakên lênggahipun sabin Pangeran Mangkunagara ... 24

140. Pangeran Mangkunagara besanan kalihan Tumênggung Kudanawarsa ... 41

141. Pangeran Pancuran seda. Putra-putranipun dipun kukup Kangjêng Sunan ... 44

142. Kangjêng Sultan mundhut wangsulipun ingkang paman Adipati Natakusuma tuwin sanès-sanèsipun ingkang sami kakendhangakên dhatêng ing Selong ... 49

143. Tuwan jendral misungsung gajah tuwin kareta dhatêng Kangjêng Sultan ing Ngayogyakarta ... 59

--- [0] ---

... Kaca

144. Adipati Natakusuma dipun paringi nama Pangeran Juru ... 69

145. Sang prabu ing Surakarta prasabên mawi sêrat dhatêng ingkang paman Kangjêng Sultan ing Ngayogya, kaparêng badhe pêpanggihan kalihan ingkang eyang Pangeran Juru lan sanès-sanèsipun ... 76

146. Andongèngakên kawontênanipun ing Selong ... 83

147. Kangjêng Sultan utusan murugi Rara Maliyah ingkang kaboyong Pangeran Mangkunagara nalika pêrang ing Panaraga ... 87

148. Ngrêmbag ingkang badhe dados uprup wontên ing Surakarta ... 94

149. Pangeran Juru tindak dhatêng Surakarta ... 107