Sastra Jawa

Program Digitalisasi Sastra Daerah

  • Increase font size
  • Default font size
  • Decrease font size

Babad Giyanti, Budi Utama, 1916-18, #982 (Jilid 1/1)

Katalog:Babad Giyanti, Budi Utama, 1916-18, #982
Sambung:
1.Babad Giyanti, Budi Utama, 1916-18, #982 (Jilid 1/1). Kisah, Cerita dan Kronikal | Babad Giyanti #1082.
2.Babad Giyanti, Budi Utama, 1916-18, #982 (Jilid 1/2). Kisah, Cerita dan Kronikal | Babad Giyanti #1083.
3.Babad Giyanti, Budi Utama, 1916-18, #982 (Jilid 2/1) . Kisah, Cerita dan Kronikal | Babad Giyanti #1084.
4.Babad Giyanti, Budi Utama, 1916-18, #982 (Jilid 2/2) . Kisah, Cerita dan Kronikal | Babad Giyanti #1085.
5.Babad Giyanti, Budi Utama, 1916-18, #982 (Jilid 3/1) . Kisah, Cerita dan Kronikal | Babad Giyanti #1086.
6.Babad Giyanti, Budi Utama, 1916-18, #982 (Jilid 3/2) . Kisah, Cerita dan Kronikal | Babad Giyanti #1087.
7.Babad Giyanti, Budi Utama, 1916-18, #982 (Jilid 4/1) . Kisah, Cerita dan Kronikal | Babad Giyanti #1088.
8.Babad Giyanti, Budi Utama, 1916-18, #982 (Jilid 4/2). Kisah, Cerita dan Kronikal | Babad Giyanti #1089.

Sêrat Babad: Surakarta Ingkang Katêlah Dipun Wastani Babad Giyanti Mawi Sêkar Macapat.

Anyariyosakên lêlampahanipun: Kumpêni Walandi, Karaton Surakarta, Ngayogyakarta, tuwin Mangkunagaran. Babon asli saking suwargi Radèn Tumênggung Yasadipura, pujôngga ing Karaton Dalêm Surakarta Adiningrat.

Kacithak saha kawêdalakên dening Namlosê Penutsêkap Budi Utama ing Surakarta, taun Je: 1846, taun Walandi: 1916.

Jilidan ôngka: I.

--- [2] ---

...

--- [3] ---

Bêbuka

1. Dhandhanggula

1. mêmanise tyas rêsêp migati | ing pangulah mring rèh kasarjanan | anêtêpi ing ugêre | jênêngirèng tumuwuh | sinung têngran budi mumpuni | dera Sang Amurwèngrat | ngumala sumunu | tumrap ing jagad lir surya | nyênyunari niskara sèsining bumi | kang nyata lan kang samar ||

2. minôngkaa kastawaning dasih | myang pracihnaning panglingga murda | têrus ing lair batine | marang lumèbèripun | sihirèng Hyang Kang Tanpa Têpi | marma kacèlu dahat | ing tyas amêmangun | wuryaning kanang carita | praja wutahing rah sinawung kêkawin | mahambêk widayaka ||

3. yèku witing karaton angalih | Kartasura maring Surakarta | Adiningrat pinangkane | turutaning pangapus | anukili ing sawarnining | pêpèngêtan kadhatyan | pamudyaning ulun | mêmalar sinamadana | barkahira sanggyaning para winasis | ingkang pratamèng sastra ||

4. purwakaning pawarti winardi | nurutakên Babad Kartasura | pinêthikan wose bae | jumênêngnya Sinuhun | PakubanaPakubwana (dan di tempat lain). kang kaping kalih | nèng nagri Kartasura | bôndha tur abandhu | asugih pratiwa wadya | binathara [bi...]

--- 4 ---

[...nathara] ing jagad anyakrawati | wibawa paribawa ||

5. tuhu ratu agung ambawani | ing bawana tlatah nuswa Jawa | tanpa petungan balane | pra santana nung-anung | aprakosa maring ajurit | samya sumungku suka | jroning tyas gumulung | andêrpati abipraya | pra kawula ing jro myang jabaning nagri | tan pae anggêpira ||

6. nadyan silih pra bala Kumpêni | kang rumêksa anèng Kartasura | datan pendah panganggêpe | lan wadyabala prabu | dene ingkang para radpêni | sampun lambang prasêtya | pawong sanak tuhu | salami lan sri narendra | marma arjèng praja anjrah ingkang janmi | murah sandhang lan boga ||

7. suprandene yèn sampun pinasthi | apêsipun jayaning narendra | tuhu lamun ngebatake | yèku duk praptanipun | parangmuka têmpuh ngajurit | kalawan bôngsa Cina | nadyan wontênipun | kang satru kadi tan gôndra | têka kêkês sagunging para bupati | sirna kamayanira ||

8. pra punggawa myang para prajurit | prawira nung andêling ranangga | lir kabuncang sudirane | karkate têlas murud | têka uwas giris amiris | mung nêdya ngungsi gêsang | nora lawan mungsuh | tan pae lan wadu jana | wus dilalah karsaning Kang Murbèng Bumi | bêdhahing Kartasura ||

9. sri narendra lolos [lolo...]

--- 5 ---

[...s] saking nagri | têdhak dhatêng kitha Panaraga | sawusnya sirna mêngsahe | pinukul ing prang pupuh | kanthi bantu wadya Kumpêni | sigra jêng sri pamasa | kondur angadhatun | maring nagri Kartasura | nanging dahat risakipun kang nagari | tangèh môngga puliha ||

10. kondurira sawatara sasi | komisaris Kumpêni gya prapta | Hogopêr Isêl Idêlèr | môngka sariranipun | jêng gurnadur nagri Batawi | Gustap Wilêm Baron Pan | Inhop namanipun | amêmangun prajangjiyan | lan Sinuhun Pakubana kaping kalih | Narendra Kartasura ||

11. wuryanira kang sêrat prajangji | mung pinêthik kang pêrlu kewala | mangkana ing surasane | kapisan dènira wus | sri bupati cidra ing jangji | akarya huru-hara | siya marang sagung | wadya Kumpêni Tasura | nêdya bantu gonira wong Cina jurit | ngrênggangkên pawong sanak ||

12. sarèhipun kangjêng sri bupati | wus nalôngsa saking cidranira | sakèhing prakara mangke | wus kêkasut rinacut | sirna ilang datanpa lari | wangsul apawong sanak | ingkang sabiyantu | lir satu munggèng rimbagan | sri narendra lawan Kumpêni Walandi | rakêt tan nêdya pisah ||

13. tinêtêpkên lêstari sri mulki | jumênêngnya anèng Kartasura | tumrah satêdhak-têdhake | kang gumanti kaprabun |

--- 6 ---

datan liyan saking darahing | kangjêng sri naranata | pawong sanak lulus | anêtêpi prajangjian | Nata Jawi lawan Kumpêni Walandi | tan pisah salaminya ||

14. kaping kalih pra wadya Kumpêni | tinêtêpkên samya pawong sanak | lan bôngsa Jawa sakèhe | kêdah tulung-tinulung | ingkang amrih maring basuki | kadya atunggil bôngsa | ing salaminipun | kaping tiga sri narendra | lamun arsa karya: ngèndêli pêpatih | miwah para bupatya ||

15. ing pasisir kêdah asung uning | mring Kumpêni nagri Batawiah | kenginge tinêtêpake | wus mupakat gurnadur | supayane bakitbangkit (dan di tempat lain). nêtêpi | bôngsa Jawa Walônda | pawong sanakipun | lawan dadia pratôndha | bôngsa Wlônda lawan sagung bôngsa Jawi | tan kêna yèn pisaha ||

16. ping sakawan kangjêng sri bupati | masrahakên mring Kumpêni Wlônda | pulo Madura pa dene | nagri ing Surèngkewuh | Rêmbang miwah Japara nagri | wêwêngkone sadaya | satêtiyangipun | dalah bupati punggawa | pangêrèhing Kumpêni kadya duk maksih | kawêngku kraton Jawa ||

17. dadya sagunging para bupati | pamêngkune ing siti rèhira | pangwasa paprentahane | tuwin pangambilipun | asil dhatêng têtiyang bumi | miturut kadi adat |

--- 7 ---

mung asil kang konjuk | nguni dhatêng sri narendra | mangkya katur mring wadananing Kumpêni | kumêndur ing Samarang ||

18. kaping gangsal Kumpêni Walandi | angaturi wêwah wadyabala | ingkang rumêksèng kadhaton | myang barang karsa prabu | sangkêp dalah praboting jurit | dadya wadya kang dharat | cacah tigang atus | sèkêt ingkang kêkapalan | blônja têdha sri bupati kang maringi | saking bandar lautan ||

19. pandamêle kang sêrat prajangji | anèng kadhaton ing Kartasura | kaping sawêlas wulane | Nopèmbêr ôngka taun | sèwu pitung atus lan malih | kawan dasa têtiga |§ (tahun Ehe: 1668). ing sêsampunipun | kadhawuhakên warata | bôngsa Jawa kalawan bôngsa Walandi | rakêt apawong sanak ||

20. kadidene tunggil bôngsa yêkti | duk puniku pangagêng Walônda | Tuwan Baron Hogêndhorop | pangkat kumêndhan mayur | tuhu wantêr maring ngajurit | cukat cakêp ing karya | wasis anênuju | barang rèh karsa narendra | kala bêdhahipun Kartasura nagri | katon sih sungkêmira ||

21. ing saparan tut pungkur sang aji | sêdya labuh sabaya antaka | tan mambu yèn bôngsa seje | ngêsorkên sungkêmipun | para wadya punggawa mantri | marma sangêt sihira | kangjêng

--- 8 ---

sang aprabu | mring wau tuwan kumêndhan | nganti karsa amundhut kadang taruni | angadhi kramanira ||

22. dene kadang narendra kang kêni | kinathik ing samubarang karya | Dyan Mas Sujana timure | diwasanya jêjuluk | Jêng Pangeran Amangkubumi | mahambêk martotama | kotamane kasub | ing rèh pangulahing praja | tata titi nastiti salir pakarti | cakêp karsaning raka ||

23. jêng pangeran timure winarni | asring ngical anamur kawula | amasuh ing sarirane | kang dhingin mring Matarum | silih nama Bagus Mahadin | ngèngèr rôndha Bothokan | nama Biyang Sanun | pakaryane sêsadean | gêmpol plèrèt sabên sore maring têgil | gone wong ngundhuh kapas ||

24. panukune tan binayar picis | mung urupan lan kapas kewala | Bagus Mahadin karyane | sabên ari galêpung | sabên ratri nglêmbur anisir | plèrèt wusnya samêkta | rôndha Biyang Sanun | mangkat sadean mring têgal | wadhah sênik ingkang bêkta Bagus Madin | pinangkul anèng pundhak ||

25. urup kapas winadhahan sênik | wusnya têlas sêsadeanira | Biyang Sanun laju mulèh | Bagus Madin tut pungkur | sênik kapas nulya sinunggi | mangkana sabên dina | ing pakaryanipun | wusnya antuk satus dina | kadêngangan dutèng

--- 9 ---

nata kang ngulati | gya kondur maring praja ||

26. antarane dèrèng patos lami | kondurira Radyan Mas Sujana | anulya angical manèh | jujug ing Pedan dhusun | silih aran pun Bagus Sarpin | ngèngèr balantik kuda | Gêndhari ranipun | saking rêmêning turôngga | supayane bakita anênitèni | ciri medaning kapal ||

27. Bagus Sarpin nulya sinung wajib | pangopène turôngga têtiga | guyang gêbêg pangêroke | wêkêl ing karyanipun | Ki Gêndhari langkung dènnya sih | kathah piwulangira | marang sira Bagus | myang winulang numpak kapal | anêgari sakathah ingkang turanggi | sawusnya tigang wulan ||

28. utusane kangjêng sri bupati | kang ngulati Radyan Mas Sujana | antuk warta pamanggène | ana ing Pedan dhusun | gya jinujul sampun kapanggih | nèng kali guyang jaran | ingaturan kondur | anut kondur mring Tasura | gya jinunjung ing raka jêng sang siniwi | sinung pangkat pangeran ||

29. parandene adrênging tyas maksih | nêdya laju amasuh sarira | ing ratri mring kali Pepe | tanapi kali Sanggung | kungkum anèng sajroning warih | sêsupène barleyan | binucal mandhuwur | ingulatan ginogohan | kapanggihe nganti gagat bangun enjing | pangeran lagya mêntas ||

--- 10 ---

30. lamun pambucale ali-ali | ginogohan anulya kapanggya | maksih dalu ing wancine | cinêmplungakên wangsul | datan ngetang nganti gabibir | kapanggihe wus rina | pangran lagya kondur | marang padalêmanira | lampahira mangkana ing sabên ratri | wusnya antara côndra ||

31. kondur nuju anèng têngah sabin | gya binegal bangsane siluman | mênthèk alêksan cacahe | lêlêmbat mênthèk wau | agêngipun sabayi-bayi | ratunipun satunggal | sapangon gêngipun | ambyuk angroyok pangeran | jêng pangeran sagung mênthèk dèn gitiki | têkên kayu kadoya ||

32. mênthèk mawut lumayu agusis | mung ratune ingkang maksih panggah | ngêrêg ngamplok nèng gigire | pangran laju manêkung | matêg donga jabur lan malih | atine Surat An Ngam | ratu mênthèk nglumpruk | galasaran anèng ngarsa | sarwi minta aksama amêlas asih | mênthèk dadya kabala ||

33. pan sinigêg Pangran Mangkubumi | amangsuli lampahaning praja | Kartasura nalikane | jroning jaman dahuru | prapta bêdhahipun nagari | santana kadangira | kangjêng sang aprabu | akèh lolos saking praja | madêg baris anèng sakidul nagari | nêlukkên bêkêl desa ||

34. kang tan nungkul samya [sa...]

--- 11 ---

[...mya] dèn jarahi | kadang nama Pangran Buminata | Singasari ing kalihe | miwah pulunan prabu | Pangran Pamot lan Dyan Mas Sahid | Arya Suryakusuma | Prangwadana juluk | lajêng nama Jêng Pangeran | Arya Mangkunagara arine malih | Pangran Mangkudiningrat ||

35. para pangeran pulunan katri | sami putranipun Jêng Pangeran | Mangkunagara kadange | sêpuh jêng sang aprabu | ingkang kendhang dhatêng Batawi | malih kang cinarita | ing nalikanipun | mungsuh Cina pinukul prang | para Cina kaplajêng mangetan sami | Tumênggung Martapura ||

36. madêg baris ngirup Sukawati | datan ana wong kang wani lawan | mangkana jêng sang pamase | ingkang rayi tinuduh | Jêng Pangeran Amangkubumi | dadya senapati prang | pinaringan sampun | wadyabala sawatara | wong Kumpêni tan luwih sapuluh iji | mêngsah pangran lêlima ||

37. Jêng Pangeran Arya Mangkubumi | sabên aprang linulutan wadya | kèringan satru kalane | tan kewran glaring mungsuh | pra pangeran kang madêg baris | kang samya linurugan | nora lawan mungsuh | mung aprang lèrès kewala | dupi ngantêp pêrang dhatêng Sukawati | Martapura kasoran ||

38. marma langkung trêsna sri bupati | tanah Sukawati tigang nambang | sinungkên wêwah lênggahe | môngka ganjaranipun |

--- 12 ---

gènnya sampun labêt nagari | mungkasi parangmuka | duk kala puniku | kêkalih kang mantrimuka | Adipati Pringgalaya patih jawi | kaipe jêng sri nata ||

39. kineringan sarta dèn êsihi | patih lêbêt Dipati Sindurja | mangkana jêng sang pamase | sakondurnya ngadhatun | kalih têngah warsa watawis | rêrêm ing sawatara | ing sajroning kalbu | miwah pra santana wadya | risêdhêngnya pêpêkan sagung bupati | pasisir môncapraja ||

40. ari Soma sang nata tinangkil | magêlaran ingayap badhaya | asri tinon busanane | ngampil pacara prabu | nata munggèng bangsal pangrawit | lênggah ing dhampar êmas | kang cakêt ing ayun | Jêng Gusti Pangran Dipatya | Anom Mangkunagara Sudibya Luwih | Raja Putra Mataram ||

41. gya Jêng Pangran Arya Mangkubumi | Senapati Ngalaga Tasura | nulya pra santana andhèr | cakêt ngarsa sang prabu | twan kumêndhan lan para upsir | ugi samya sumewa | anèng keringipun | munggèng kursi asatata | sangandhaping sasana bangsal pangrawit | jro tratag pagêlaran ||

42. wong kaparak gandhèk kanan kering | asumewa kanan kering bangsal | prajurit jro baris andhèr | tata sajuru-juru | risang mantrimuka kêkalih | manggènipun sumewa |

--- 13 ---

sami munggèng ngayun | Dyan Dipati Pringgalaya | Sindurêja ingapit para dipati | wadananing bupatya ||

43. ing pasisir lan môncanagari | nulya para bupati nayaka | laju malih sambungane | sagung para tumênggung | ing pasisir môncanagari | anon-anon majêgan | bang kilèn sadarum | ing wuri tamping wadana | sagung para kaliwon panèwu mantri | jaba tamping majêgan ||

44. miyosira kangjêng sang siniwi | datan pae lawan saban-saban | duk maksih rêja jamane | nanging jro tyas ngêndhanu | sanityasa amangonêngi | risakipun kang praja | tanapi kadhatun | saisine raja brana | aprasaksat brastha swuh sirna binasmi | dening kang mungsuh Cina ||

45. yèn ginagas saya angranuhi | yèn rinasa sangsaya karasa | ing Kartasura risake | patih dinuk ing wuwus | rêngên ta hèh sira dipati | kadarpaning tyas ingwang | tan kêna sinayut | arsa angalih nagara | desa êndi kang prayoga wetan iki | sun karya kuthagara ||

46. adipati lawan sira adhi | Hogêndhorêp padha lumakua | pikirên ngêndi bêcike | samya sandika matur | twan kumêndhan lan patih kalih | sang nata nulya jêngkar | kondur angadhatun | kang sewaka gya luwaran | twan kunmêndhankumêndhan (dan di tempat lain). [ku...]

--- 14 ---

[...nmêndhan] lawan dipati kêkalih | myang pra nayaka jaba ||

47. abudhalan pan sarêng saari | anênitik desa wetan praja | wusnya atas pamriksane | kumêndhan rêmbagipun | papan ingkang wiyar waradin | amung ing Kadipala | kang dinalih patut | dèn dêgi pura narendra | nayogyani sang mantrimuka kêkalih | desa nulya binabad ||

48. dipun ukur badhening kang puri | nanging wontên sêmanging wardaya | pra nujum Jawa rêmbage | mupakat Dyan Tumênggung | Ônggawôngsa Puspanagari | Tumênggung Mangkuyuda | têmbe jangkanipun | yèn nagri nèng Kadipala | langkung arja winongwong jinayèng jurit | cacade enggal risak ||

49. Dyan Tumênggung Ônggawôngsa angling | dhuh ki lurah ing panawang kula | dhusun Sala prayogine | nadyan ing purwanipun | wontên pêrang agêng ing benjing | nanging lajêng raharja | kukuh tur abakuh | mulyaning talatah Jawa | ambaludag dunya sabrang angajawi | sirna lêlakon yuda ||

50. dyan dipati kalih angrujuki | jangkanipun Tumênggung Gawôngsa | kunmêndhan alon dêlinge | sudara kalihipun | myang sagunging para bupati | lamun ing desa Sala | sangêt awonipun | lêdhok rawa datan wrata | lawan malih kacêlakên ing banawi | sae ing Kadipala ||

--- 15 ---

51. ewamakatên yèn tan prayogi | Kadipala suwawi mangetan | ingkang pakantuk papane | patih lan pra tumênggung | nayogyani mariksa malih | wetan banawi Sangkrah | horêg pra wadya gung | praptèng papan lêmpar wiyar | Sanasèwu tuwan kumêndhan ngrêmbagi | sae kinarya praja ||

52. risang mantrimuka têtanya ris | maring Dyan Tumênggung Ônggawôngsa | kadiparan prayogine | Ônggawôngsa turipun | dhuh ki lurah lamun suwawi | tan liyan dhusun Sala | saking petang ulun | yèn wontên wetan bangawan | tiyang Jawi badhe wangsul Buda malih | tansah tukar lan rowang ||

53. wau risang nindya mantri kalih | lan kumêndhan kalane miyarsa | tansah lêgêg gèdhèg-gèdhèg | jro tyas kalangkung ngungun | mring waskithanipun kang galih | Tumênggung Ônggawôngsa | nging pakèwêdipun | de kang jinôngka prayoga | papan rawa lêdhok mandhukul tur sungil | prênah têpi bangawan ||

54. risampuning kang para bupati | twan kumêndhan lan sang mantrimuka | gêlêng gumolong rêmbage | kang kinarya kadhatun | èstu Sala ingkang pinilih | amung miturut jôngka | supadi rahayu | gya samya mantuk mring praja | patih kalih lan tuwan kumêndhan sami | marêk ing jêng sri nata ||

--- 16 ---

2. Sinom

1. sang mantrimuka kumêndhan | sapraptanirèng ngarsaji | matur sarèhing dinuta | ngupaya papan kang yogi | arsa kinarya puri | rêmbagipun punggawa gung | amung ing dhusun Sala | mupakat ingkang pinilih | jangkanipun ing têmbe gêmah raharja ||

2. sri narendra lon ngandika | iya ingsun wus marêngi | nuli enggal dèn rakita | kumêndhan lan patih kalih | sami sandika mijil | praptèng jawi andhêdhawuh | mring sagung pra bupatya | nayaka jaba jro tuwin | pra bupati pasisir môncanagara ||

3. kinèn samya tata-tata | pirantining upakardi | angrakit badhening praja | umatur sandika sami | ya ta datan winarni | dènnya rumanti sadarum | winuwus enjangira | risang nindya mantri kalih | twan kumêndhan kalawan para bupatya ||

4. samya parêng abudhalan | saking nagri Kartawani | mangkat maring dhusun Sala | datan winursitèng margi | ing Sala sampun prapti | nulya wiwit babad dhusun | badhening kang nagara | cinêngkal caloning puri | binabanjar tinata sapantêsira ||

5. wong cilik ing dhusun Sala | sampun dhinawuhan ngalih | dadya sami bêboyongan | maring dhusun kanan kering | sabrayat anak rabi | gya siti ing Sala dhusun | kang lêdhok lawan rawa | ingurugan mrih waradin | gya rinakit-rakit [rinakit-raki...]

--- 17 ---

[...t] ingkang dhatulaya ||

6. wong kang sami nambut karya | lir pendah sêmut blakithi | sayuk iyêg rêbut papan | tan ngetang sayahing dhiri | wit gêlakan ing kardi | dupi antara nêm tèngsu | wus sampat paripurna | nanging pagêripun bumi | duk samana lagya jinaro kewala ||

7. kôntha-kanthaning nagara | pêtha-pêthaning kang puri | tan siwah lan Kartasura | gya tuwan kumêndhan tuwin | sang nindya mantri kalih | atur uning jêng sang prabu | lamun wus paripurna | nulya kangjêng sri bupati | dhawuh maring risang kalih mantrimuka ||

8. tanapi tuwan kumêndhan | tata-tata amiranti | samêktaning ngalih praja | sandika wong agung katri | sigra undhang mring dasih | busêkan wong sapraja gung | dupi antara dina | wus sampat sampêt miranti | ari Buda enjang nagri Kartasura ||

9. sagunging para pangeran | risang mantrimuka kalih | bupati sapanêkarnya | miwah pra bala Kumpêni | sampun pêpak anangkil | tan kaliru prênahipun | samana sri narendra | lan garwa jêng pramèswari | miwah putra lawan pra putri sadaya ||

10. sampun angrasuk busana | ingkang sarwa adi luwih | pinatik ing nawarêtna | murub amaneka warni | ujwalanira kadi | laban sêsiring sumunu | dahat lênglêng kawuryan | basahan agêmiraji |

--- 18 ---

atanapi manggung sarimpi badhaya ||

11. sampun maharjèng busana | busana kang pelag asri | swaminipun pra pangeran | risang nindya mantri kalih | swamining pra bupati | kaliwon mantri panèwu | sampun sami sumewa | pêpak anèng dalêm puri | nyi tumênggung nyai lurah wus samêkta ||

12. wau kangjêng sri narendra | miwah kangjêng pramèswari | miyos saking dhatulaya | ginarêbêg para putri | kêbut sadalêm puri | satriya para tumênggung | praptaning siti bêntar | amung lênggah sawatawis | lajêng jêngkar tilar praja Kartasura ||

13. ngalih praja dhusun Sala | sawadya santana aji | busêkan wong sanagara | ingkang tumutur umiring | ri Buda wanci enjing | ping sapta wlas tanggalipun | anuju wulan Sura | êje sangkalaning warsi | kombul puja rasaning jêng sri narendra ||§ 1670: taun Jawi: 1745 taun Walandi [Sengkalan: kombul puja rasaning jêng sri narendra (Rêbo, 7 Sura 1670 A.J., 10 Februari 1745 A.D.)].

14. kinurmatan para wira | Jawa kalawan Kumpêni | drèl sanjata rambah-rambah | sinauran mriyêm loji | mriyêm agung sitinggil | swarane lir gêlap sèwu | slomprèt tambur musikan | kêndhang suling sarêng muni | Carabalèn Monggang Kodhokngorèk ngangkang ||

15. sang nata anitih rata | pra putri jêmpana joli | cinatur tataning lampah | ingkang nèng ngarsa pribadi | waringin [wa...]

--- 19 ---

[...ringin] kalih rakit | bangsal pangrawit sumambung | ingusung wêwêtahan | ingayap wadyabalaji | wurinira dwipangga srati kang ngayap ||

16. titihan dalêm turôngga | binusanan sarwa asri | ingayap gamêl panêgar | wuri ingkang anambungi | panèwu mantri jawi | anon-anon tamping dhusun | pangrêmbe Pamajêgan | para kaliwon bupati | tinindhihan risang kalih mantrimuka ||

17. ingayap kang upacara | miwah kang wadya prajurit | ingkang sumambung ing wuntat | pra wadyabala Kumpêni | dharat asikêp bêdhil | tigang brêgada kèhipun | sèkêt dragundêrira | kumêndhan ingkang nindhihi | jajar lawan jêng gusti pangran dipatya ||

18. ingayap kang upacara | miwah kang wadya prajurit | ingkang sumambung ing wuntat | Cêngkal Baladewa Kyai | ngayap ngulama kêtib | ki pangulu tindhihipun | nulya para pangeran | wuri titihan sri mulki | rata ingkang pangirit turôngga astha ||

19. sinongsongan gilap mubyar | ingurung-urung prajurit | samya sikêp waos benang | tamtama miji pinilih | kaparak ngampil-ampil | upacaraning kaprabun | anèng wurining rata | tanapi ing kanan kering | tinindhihan bupati kliwon kaparak ||

20. ingkang sumambung ing wuntat | tandhu jêmpana myang joli | yèku

--- 20 ---

ingkang tinitihan | pramèswari myang pra putri | swamining nindya mantri | pangeran miwah tumênggung | swamining pra punggawa | kaliwon panèwu mantri | pan ingurung-urung wira sikêp benang ||

21. wadya gêdhong kraton miwah | panandhon samya umiring | nèng kanan kering jêmpana | kanan kering tandhu joli | kaliwon myang bupati | ingkang anindhihi laku | ing wuri sinambungan | pusaka karaton Jawi | warna-warna kathah kang winot kandhaga ||

22. wênèhana ingulêsan | sutra jênar miwah abrit | ngapit juru suranata | pradikan tanapi kaji | pan sinongsongan kuning | ing wuri ingkang sumambung | prajurit kêkapalan | anulya para bupati | ing pasisir miwah ing môncanagara ||

23. ingayap kang upacara | miwah kang wadya prajurit | cinatur sagunging wadya | kang umiring sri bupati | pangkat mantri manginggil | bupati kliwon panèwu | kalih sang mantrimuka | miwah wadana prajurit | pra pangeran sadaya samya basahan ||

24. pra sami nitih turôngga | sarta samya dèn songsongi | daludag rontèk bandera | kang anèng ngarsa myang wuri | maneka warna asri | têtabuhan munya umyung | slomprèt tambur musikan | pradangganing pra bupati | angarangin tinabuh saurut marga ||

25. sagunging kang wadyabala | ingkang wahana [wa...]

--- 21 ---

[...hana] turanggi | gangsal lêksa winatara | tan petungan kang lumaris | lampahing wadya aji | gumolong gêlêng asêlur | sêsêk ngèbêki marga | gunging wadya yèn kaèksi | sing mandrawa lir pendah samodra wutah ||

26. puyêngan solahing wadya | tumutur boyong jêng sang sri | adaya-daya ing sêdya | umyung usung-usung sami | rêreyongan samargi | wau ta sarawuhipun | ing Sala sri pamasa | tinrap kang bangsal pangrawit | jroning tarub kang kinôntha pagêlaran ||

27. kangjêng sang sri naranata | lênggah ing bangsal pangrawit | santana wadya sumewa | ngadêg kumêndhan lan upsir | wira Jawa Kumpêni | banjêng baris ngalun-alun | sang nata lon ngandika | dhusun Sala ing samangkin | sinung nama Surakarta Adiningrat ||

28. pangulu kêtib ngulama | gya donga ayuning nagri | kangjêng sang sri naranata | dhawuh ananêm waringin | wringin lèr kang jênêngi | mantrimuka kanthinipun | bupati bêkêl jaba | wringin kidul kang jênêngi | wadananing bupati môncanagara ||

29. sawusira paripurna | pananêmipun waringin | pradôngga barungan munya | prajurit Jawa Kumpêni | êdrèl mawanti-wanti | sinauran mriyêm agung | tambur slomprèt musikan | ambarung prasamya muni | swaranira kadya anggogragna [anggogra...]

--- 22 ---

[...gna] arga ||

30. sri bupati sigra jêngkar | manjing jroning dalêm puri | kang sewaka gya bubaran | maring pamondhokan sami | pondhokaning Kumpêni | nèng wetaning alun-alun | wadya alit sumêbar | milih papan dèn sênêngi | ana ngidul ngalor ngulon miwah ngetan ||

31. têtêp prasida sri nata | ngadhaton anèng nagari | Surakarta Adiningrat | risang mantrimuka kalih | pra pangeran bupati | kaliwon mantri panèwu | samya atata wisma | saundha sabilik-bilik | amêmangun marga mrih arjaning praja ||

32. antara ing tigang côndra | wontên srat saking Batawi | dhumatêng tuwan kumêndhan | gatining srat sung udani | jendral arsa martuwi | maring kangjêng sang aprabu | dene ngalih nagara | ngiras jajah tlatah Jawi | amariksa kang risak kala prang Cina ||

33. twan kumêndhan sigra-sigra | malêbêt ing dalêm puri | bêkta sêrat saking jendral | sapraptaning sri manganti | canthèl atur kang kêmit | nyuwun sowan ing sang prabu | nulya laju ngandikan | praptèng ngarsa sang siniwi | jawat asta kumêndhan èsmu kasmaran ||

3. Asmaradana

1. dhuh pukulun sri bupati | amba tur uningèng tuwan | yèn ulun tampi sêrate | pun kaki gurnadur jendral | raosipun kang sêrat |

--- 23 ---

mênawi parêng ing kayun | arsa prapta nagri tuwan ||

2. sowan ing jêng padukaji | rèhne mêntas karya kitha | nênggih pun kaki lampahe | mangetan jujug Madura | ngiras amêmariksa | sakathahing dhusun-dhusun | kang rusak kala prang Cina ||

3. saking wetan rawuh mriki | risampuning pêpanggihan | konduripun amangilèn | mêdal ing tanah Mataram | sang nata angandika | iya bangêt rênaningsun | dene kaki sarjuning tyas ||

4. têtinjo mring jênêng mami | besuk apa gone prapta | tuwan kumêndhan ature | rawuhipun tuwan jendral | dèrèng mawi têmbaya | kalamun parêng sang prabu | kawula arsa siyaga ||

5. bôndha kinarya badhèni | suyasa ingkang prayoga | kagêm pakuwon rawuhe | pun kaki gurnadur jendral | sri narendra ngandika | adhi panjênênganingsun | wus marêngi aturira ||

6. sira sarêmbuga nuli | anane wong lawan bôndha | lan dipati sakarone | kumêndhan matur sandika | jawat asta mit mêdal | samana sarêmbag sampun | lawan sang mantri wisesa ||

7. risang dipati kêkalih | dupi wus kaprasadonan | ing Kumêndhan Hogondhorop | parentah samêktèng karya | marang para bupatya | datan lami sampat sampun |

--- 24 ---

bôndha bau tuwin kriya ||

8. risaksana dèn wiwiti | pandamêle kang suyasa | tan winarna rêroncène | nêdhênge anambut karya | kasaru praptanira | garêbong carakanipun | Pangeran Tirtakusuma ||

9. sarwi amundhi kintaki | têrang ing gurnadur jendral | gatining rèh nandukake | pamapas cipta angkara | Pangran Mangkunagara | pinurih mangimur-imur | ayu myang widadèng karsa ||

10. pênêda maring Kumpêni | sarta bêktia mring nata | Tuwan Kumêndhan Hondhorop | wus anduga karsanira | para rad ing Jakarta | duta sampun kinèn laju | garêbong sigra umangkat ||

11. dhumatêng ing pakuwoning | Pangeran Mangkunagara | datan winarna lampahe | ing ênu sapraptanira | pustaka wus tinampan | binuka sinuksmèng kalbu | mangkana ungêling sêrat ||

12. pustaka pinandara ring | saliring pudya raharja | sing manah êning rumêmbe | saking kadang para wrêdha | kang pinilut sangsaya | nèng Jakarta ajêjuluk | Pangeran Tirtakusuma ||

13. mugi katura ri mami | Pangeran Mangkunagara | kang kasub jayèng palugon | dening gunane mring aprang | kèringan parangmuka | linulutan pra wadya gung | tuhu prajurit utama ||

14. wiyose kanang kintaki | yayi mas paraning

--- 25 ---

trêsna | mugi anirnakna babo | bara-baraning bramatya | berata kang sandeya | rèhning kabubuh ing sêpuh | pun kakang dadya nêmpuh byat ||

15. datan pisan nêdya lamis | anyênyêla lêlêmêsan | nyênyampahi kakangane | ing karsaning kadang ingkang | wus mahambêg gunawan | mung matur sajatinipun | ing tumrape kaprawiran ||

16. ing asmaralaga yayi | sapa kang wani tumanggah | kalawan sira riningong | yèn ta mung sababagira | yêkti dahat katrêsankatrêsnan. | dening widagdanta tuhu | têmah nungku ngèstu pada ||

17. ananging tanduke yayi | lamun sisip kalbèng cacad | nora bêcik juwarane | kadi ujaring bêbasan | amirong kampuh jingga | lire ambalela ratu | lan mungsuh Kumpêni ingkang ||

18. kaonang-onang undhagi | mring rèh ulahing ayuda | tanpa wilangan balane | sangkêp sakapraboning prang | yêkti dudu timbangan | mungsuh Kumpêni lan Ratu | marma pun kakang kumêdah ||

19. asung pamrayoga yayi | kalamun condhong ing karsa | lêhêng kondura dèn age | ambêbana sihing nata | kadi langkung utama | suwita wong tuwanipun | dhasar kang madêg narendra ||

20. dene ta kalamun yayi | sônggarunggi mring Walônda | panggiha pun kakang dhewe | wit dene

--- 26 ---

kang pangandika | tuwan gurnadur jendral | datan liyan karsanipun | amung amurih raharja ||

21. dhuh yayi lamun suwawi | gone pun kakang sung rêmbag | dhinahara yêkti sae | upama datan arsaa | mung ngumbar drênging karsa | têtêp tan ngeman sadulur | tilarane kangjêng rama ||

22. lan pun kakang asung uning | ramanta ingkang sawarga | atilar putra kathahe | gangsal kang jalu sakawan | kang wanita sajuga | ingkang jalu wayahipun | kuwawa angêmbat watang ||

23. satamating pan upèksi | kang kintaka jêng pangeran | trênyuh widrawa ing tyase | sru karantan maring kadang | kang wontên ing Jakarta | alola linglung wulangun | dening tinilar ing rama ||

24. myang jroning tyas katêtangi | mèngêt lampahaning rama | kang dahat karya wirage | nganti dangu tan ngandika | sarwi amêtêk jaja | kêmbêng-kêmbêng arawat luh | tinênggak-tênggak tan kêna ||

25. saberatirèng wiyadi | pangeran angunandika | babo limut têmên ingong | yèn bêbasaning manusa | lir sarah nèng samodra | sarah upamane manus | samodra upama suksma ||

26. saparan akontrang-kantring | winasesa dening tirta | karêp pribadi tan duwe | mangkono uga manusa | tan wajib yèn suwala | sakarsa Hyang Maha Luhur | mung kudu suka narima ||

--- 27 ---

27. saksana ngandika aris | hèh Grêbong sira matura | mring Kumêndhan Hogêndhorop | rêmbag kang wus sun tupiksa | kamot jroning nawala | abangêt panuwun ingsun | sih marmane kadang tuwa ||

28. sayêktine ingsun pikir | pamrih kang marang raharja | nora pisan bêbasane | yèn mung suka angas karta | tan anut rèhing raja | lan Kumpêni ingkang agung | apa tan ajrih Hyang Suksma ||

29. mung iku wangsulan mami | lah uwis sira mundura | angasoa maring pondhok | pun Grêbong mundur tur sêmbah | ngaso mring pamondhokan | ri sampuning kalih dalu | wangsul dhatêng Surakarta ||

30. laju tumamèng jro loji | umarêk tuwan kumêndhan | wus tinutur sadayane | sadhawuhipun pangeran | suka tuwan kumêndhan | mirêng Grêbong aturipun | dinalih lamun sanyata ||

31. Grêbong nulya kinèn bali | pinanggiha lan pangeran | tur uning yèn tuwan mayor | arsa panggihan priyôngga | ana ing Picis desa | pun Grêbong umangkat laju | kumêndhan lumêbèng pura ||

32. praptèng byantara narpati | kumêndhan alon turira | pukulun yèn kapanujon | lan karsa sri naranata | ulun arsa pêpanggya | putra paduka sang prabu | Pangeran Mangkunagara ||

33. samadosan wontên [wo...]

--- 28 ---

[...ntên] Picis | ulun purih umantuka | suwita ing ngarsa katong | ywa kongsi karya rêrêsah | dhatêng tyang padhusunan | sri narendra ngandika rum | adhi sun mangayubagya ||

34. nging sumêlang ing tyas mami | kaya-kaya durung nyata | si Sahid kasaguhane | adate mung nôngga krama | supaya dèn umbara | sapungkure kang sung rêmbug | karya ruhara wong desa ||

35. ewa mangkana ta adhi | rèhning wus jangji panggihan | prayoga mangkata age | bok manawa kanyataan | nêdya mulih mring praja | iya panjênêngan ingsun | kang paring pangan lan pangkat ||

36. kumêndhan gya amit mijil | enjingipun lajêng mangkat | mung bêkta juga upase | rowang Jawa amung tiga | datan samêktèng bala | praptèng Picis wus kapangguh | lan Pangran Mangkunagara ||

37. anèng wetaning banawi | pangeran tan bêkta bala | amung sakawan kang dhèrèk | ri sampuning anjum asta | ngunjuk anggur kalihnya | twan kumêndhan sangunipun | nulya sami wawan sabda ||

38. kumêndhan wacana manis | dhuh pangeran kadiparan | yèn ta kalantur karsane | karya risak wong padesan | sintên ingkang kecalan | marma tur kula kalangkung | pangeran mugi dhahara ||

39. sagung pirêmbag prayogi | sing Pangran Tirtakusuma | kawrat wontên ing sêrate |

--- 29 ---

lêpat paduka mring nata | kang sampun kalampahan | kula ananggêni tuhu | yêkti antuk pangaksama ||

40. pangeran lêga ing galih | midhangêt pirêmbagira | Tuwan Kumêndhan Hondhorop | dene sagah nanggênana | nglêbur sakèhing dosa | pangeran arsa mituhu | rêmbag kondur maring praja ||

41. nulya ngunjuk anggur malih | kumêndhan lawan pangeran | pangran waspadèng tingale | pêdhanging tuwan kumêndhan | katingal langkung pelag | kumacèlu ayun wêruh | kumêndhan datan lênggana ||

42. pêdhang ingaturkên nuli | sêdhèt tinarik ing ngarsa | pangran alon andikane | sudara pêdhang punika | dede pêdhang Walônda | pelag pakantuking wangun | lir pêdhang damêlan Jawa ||

43. tuwan kumêndhan nauri | dhasar pêdhang suduk Jawa | rama paduka sang katong | ingkang aparing wasiyat | kala nèng Panaraga | Côndhabirawa ranipun | marmanya pêdhang punika ||

44. sabên ari miwah ratri | tan kenging pisah sacêngkang | tansah kula sandhing mawon | wit kathah karamatira | wasiyat ing Mataram | pêdhang nulya sinung wangsul | dhumatêng tuwan kumêndhan ||

45. gantya kumêndhan yun uning | wangkinganipun pangeran | kang katon pelag srasahe | dhuwung tinampèkkên nulya | tinarik mring kumêndhan |

--- 30 ---

sangêt ing pangungunipun | myat pelaging wangunira ||

46. sampun sinarungkên malih | katur wangsul mring pangeran | ri sampun nutug kalihe | dènnya sami pagunêman | twan kumêndhan pamitan | arsa tur uningèng prabu | jawat asta gya bubaran ||

47. kumêndhan ngalèr lumaris | pangeran mring Panambangan | nanging sajroning galihe | pan amung anôngga krama | tan nêdya mituhua | twan kumêndhan rêmbagipun | wuwusên tuwan kumêndhan ||

48. prapta Surakarta nagri | laju tur uningèng nata | purwa madya wasanane | kalanipun pêpanggihan | sawusira antara | dèn anti ing dhatêngipun | pangeran tan ana prapta ||

49. taksih angadêgkên baris | bahak ngayudi padesan | wong cilik puyêngan gègèr | kathah dhusun karisakan | kapyarsa saking praja | nanging datan pinaèlu | wit sawêg gêlak pakaryan ||

50. suyasa ingkang prayogi | karya pakuwoning jendral | tuwin mêmangun liyane | wit nagri sawêg bêbakal | arsa tamuan jendral | pangeran sakadangipun | nutug gènnya karya risak ||

51. gantya mangke kang winarni | ri sampuning santun warsa | jêngkaripun sang pamase | saking nagri Kartasura | mring praja Surakarta | wontên sêrat prapta atur | uninga tamtuning [tamtu...]

--- 31 ---

[...ning] tanggal ||

52. badhe rawuh ing Samawis | jêng tuwan gurnadur jendral | langkung trustha ing galihe | Sri Narendra Surakarta | de wit jaman Mataram | Kartasura praptanipun | ngalih praja Surakarta ||

53. Gurnadur Jendral Batawi | dèrèng wontên ingkang prapta | pêpanggihan lan sang katong | pan lagya punika ana | marma jêng sri narendra | saking sangêt rênanipun | karsa mêthuk mring Samarang ||

54. ngiras pêpara yun uning | samodra lèr tanah Jawa | sang nata wus dhawuhake | mring nindya mantri kalihnya | tanapi mring kumêndhan | sang mantri wisesa sampun | mêmatah samêktèng karya ||

55. sarta dhawuh mring bupati | pasisir êlèr sadaya | badhe rawuhnya sang katong | kalawan gurnadur jendral | dhatêng nagri Samarang | marma pasisir sadarum | kinèn mêpak nèng Samarang ||

56. bupati jroning nagari | jaba jêro sapunggawa | sapalih ingkang andhèrèk | kang sapalih têngga praja | dene para santana | akathah kang kantun tugur | lan kangjêng pangran dipatya ||

57. bupati môncanagari | ingkang cêlak Surakarta | kêrigan pra samya dhèrèk | sri narendra wus dhêdhawah | ing ari tanggal wulan | badhe têdhakipun wau | akanthi tuwan kumêndhan ||

4. Kinanthi

1. ing ari Buda anuju |

--- 32 ---

dwi wêlas Rabingulakir | warsa Dal ing wanci enjang | wau kangjêng sri bupati | karsa angrasuk busana | prajuritaning narpati ||

2. rinêngga sarwa mas murub | sinotya pinatik-patik | nawarêtna tanpa una | têmpuring praba mrabani | amblêrêngi mrabangkara | gantya winursitèng Jawi ||

3. ri sang kalih mantri ngayun | myang sagung para bupati | tanapi tuwan kumêndhan | kaliwon panèwu mantri | wus pêpak samya sumewa | anèng pagêlaran sami ||

4. prajuritan agêmipun | ingkang rinêngga sarwa sri | kancana miwah sêsotya | pinapantês amantêsi | prajurit Jawi kapalan | miwah dragundêr Walandi ||

5. wus baris nèng alun-alun | mangkana jêng sang siniwi | miyos saking dhatulaya | pra pangeran kang jajari | ingayap wadya kaparak | ingkang sami ngampil-ampil ||

6. upacaraning Kaprabun | banyak dhalang sawunggaling | kacu mas ardawaleka | tamèng talêmpak jêmparing | gandhewa gadhing kawuryan | maneka warna mêpêki ||

7. titihan dalêm sang prabu | jêmpana lawan turanggi | wus cumawis pagêlaran | turôngga dipun praboti | sarwa êmas tanpa una | yèn tinon langkung rêspati ||

8. nitih jêmpana sang prabu | bidhal saking ing nagari | sinongsongan gilap [gi...]

--- 33 ---

[...lap] mubyar | wadu wandawa kang ngiring | sru gumuruh swaranira | srining paran kang kaèsthi ||

9. monggang Kodhokngorèk ngungkung | tinêmbang barung lan suling | slomprèt tambur kalasôngka | musikan munya dumêling | binarung êdrèl sanjata | sinauran mriyêm loji ||

10. swara lir gêlap ambarung | èbêkan wong sanagari | rêbut ênggèn yêl-uyêlan | dènira samya ningali | mangkana tataning lampah | têdhaknya dhatêng Samawis ||

11. kang dadya cucuking laku | bupati môncanagari | ing Kêdhu lawan Mataram | Pagêlèn mung sawatawis | yèku ingkang sisih wetan | ing Kaduwang datan kari ||

12. ngayap upacaranipun | miwah kang wadya prajurit | sangkêp sagêgamanira | ing wuri kang anambungi | panèwu mantri myang Jajar | ing Surakarta nagari ||

13. bupati têtindhihipun | kaliwon kang dadya kanthi | ri sang kalih mantrimuka | ingayap wadya prajurit | miwah ingkang upacara | ing wuri ingkang nambungi ||

14. prajurit kapalan satus | tuwin drahgundêr Walandi | kapitan têtindhihira | nulya santananing aji | sagunging para pangeran | titihan dalêm sri mulki ||

15. jêmpana ingurung-urung | dening kang wadya prajurit | ingkang sikêp waos benang | wadya kaparak kang ngampil | upacaraning karajan |

--- 34 ---

nèng kanan kering myang wuri ||

16. turôngga titihan prabu | ingurung-urung pakathik | ingayap gamêl panêgar | ingkang datan kêna têbih | Tuwan Hondhorêp Kumêndhan | lan Pangeran Mangkubumi ||

17. ing wuri ingkang sumambung | bupati môncanagari | Madiun lawan Caruban | Magêtan myang Jagaragi | ing Warung lan Garobogan | ingayap para prajurit ||

18. sangkêp upacaranipun | maneka warna mêpêki | cinatur sagunging wadya | kang pangkat mantri manginggil | samya wahana turôngga | pangeran patih bupati ||

19. sinongsongan payung agung | bandera awarni-warni | ijo biru kapurônta | irêng abang putih kuning | sabên bupati sajuga | banderane seje warni ||

20. datan wontên kêndhatipun | sagung wadya kang umiring | wadya kang wahana kuda | kalih lêksa malah luwih | tanpa petungan cacahnya | kang dharat sagunging dasih ||

21. abra ing busananipun | sagunging wadyabalaji | ingkang tata gêgunungan | sarwa pelag mônca warni | sing mandrawa sinatmata | sumiring arga kabêsmi ||

22. sabên desa ingkang agung | kang kamargan dèn sinungi | carabalèn munya umyang | pradôngga munya ngêrangin | rontèk panjêran daludag | êkrun sêsêkaran adi ||

23. wadya

--- 35 ---

gumolong asêlur | angèbêki margi-margi | balabar mring ara-ara | wêwah-wêwah wong ningali | wong padesan ewon lêksan | anggili kang samya prapti ||

24. marma ara-ara dhusun | wana jurang miwah kali | èrèng-èrèng turut marga | kang kamargan sri bupati | jêjêl pipit kêbak janma | tuwa anom jalu èstri ||

25. rêroncène tan cinatur | rêrênggan samargi-margi | têdhakipun sri narendra | saking gunging wadya aji | de ratu musthikaning rat | ing bawana ambawani ||

26. rêmbên têdhaknya sang prabu | mung mamrih ayêming abdi | dimène aywa rakasa | enggar manahe pra dasih | arja suka parisuka | tigang dalu anèng margi ||

27. wau ta sarawuhipun | anèng lampor sang siniwi | pinêthuk baris Walônda | samya wahana turanggi | dwi atus drahgundêrira | kumêndur nagri Samawis ||

28. Tuwan Teling julukipun | ingkang anindhihi baris | pangagênging wong Walônda | kang mondhongi sri bupati | bupati pasisir pêpak | mêthuk sarêng lan Kumpêni ||

29. tuwan kumêndur wus tundhuk | jawat asta lan jêng sang sri | sigra laju lampahira | sri nata nitih turanggi | sinongsongan gilap mubyar | wimbuh gung kurmatan aji ||

30. Kumpêni lan pra tumênggung | panyuba-subane [panyuba-...]

--- 36 ---

[...subane] luwih | Kodhokngorèk munya ngangkang | pradôngga munya ngêrangin | tambur slomprèt myang musikan | kêndhang suling sarêng muni ||

31. baris Kumpêni ambarung | drèl sanjata wanti-wanti | mariyêm gêng magênturan | gêtêr patêr magêtêri | yayah manêngkêr tri loka | lir ngêbur hèr ing jaladri ||

32. janma miyat rêbut dhucung | Walônda Cina myang Jawi | Arab kêling lan bênggala | êncik koja amêpêki | kadi gabah ingintêran | solahing wong sanagari ||

33. jalwèstri jêjêl supênuh | uyêk sêsêk anêsêki | pinggiring lurung atarap | amarapit ngapit-apit | kumudu-kudu yun miyat | ingkang jêng sri narapati ||

34. dadya kadêrêng andarung | tan angetung anak rabi | rêbut ênggèn yêl-uyêlan | jalwèstri wor dadi siji | kèh rare miwah para dyah | kapipit-pipit kajêpit ||

35. ana jêtung kapirangu | myat cahya jêng sang siniwi | dene anuksmèng sasôngka | wadya mratah pêkik-pêkik | wasis pasanging busana | mêmantês angadi ragi ||

36. baguse asungsun timbun | dening rinêngga sarwa sri | asrining busana mubyar | warna mas sêsotya manik | nunging cahya marakata | lir manidhêm sitarêsmi ||

37. marma kathah pra dyah ayu | rêragan dènnya umiling |

--- 37 ---

mring lêlêngêng kang katingal | liringe lir ngujiwati | kang keswari nganti wudhar | tinon tan sêdya tinolih ||

38. wontên ingkang pungun-pungun | lir kênèng tikbra nêkani | pambayun kang ngênyu dênta | kadhêsêk nganti kapidih | wêntise kesisan sinjang | kumilat datan pinikir ||

39. sawênèh juwêt amuwus | ngalêm mring para pinêkik | èsthane kadya jêjawat | wontên malih jawil-jawil | rêrasan lan rowangira | astanya sarwi gablogi ||

40. dhuh lae-lae bok ayu | sajêg ngong tinitah urip | umiyat kadi wong ika | lagi ing samêngko iki | iba bungahe tyas ingwang | yèn bakita sandhing linggih ||

41. pantês kinudang ing kidung | pantês kondhanging agêndhing | pra satriya Surakarta | myang sagung bupati mantri | bêsus wiraga karana | saparibawa mantêsi ||

42. dhuh babo-babo wong agung | sêsotyaning nuswa Jawi | têka baguse kaliwat | prabaning cahya dumêling | lir teja ngêmu wangkawa | wênêse amilangoni ||

43. wus masthi bae kang dulu | yèn mulih praptaning panti | agung môndraka lênglêngan | kusut tumonton mring laki | nora sotah sinandhinga | mung kèpi kang anyar prapti ||

44. tangèh ginupitèng kidung | solahe wong sanagari | cinatur

--- 38 ---

jêng sri narendra | dupi prapta ngajêng loji | Jêng Tuwan Gurnadur Jendral | Baron Pan Imhop agipih ||

45. dènnya lumarap amêthuk | ngacarani sri bupati | riwuse jawatan asta | nata sinambut umanjing | jro trun kang wus sumadhia | rinêngga sarwa sutra di ||

46. lèmèk prang wadani babut | lênggah jajar sang kêkalih | mênggêp munggèng dirgasana | bupati satriya mantri | jroning praja Surakarta | pasisir môncanagari ||

47. aglar sumiwi ing ayun | sajuru sabilik-bilik | kawangwang saking mandrawa | busanane milangêni | lir lintang ambabar sêkar | pating gêbyar pating krêlip ||

48. Twan Jendral Baron Pan Imhup | samana sampun ngaturi | nambrama amanuhara | wilujênging sri bupati | atanapi tur prasêtya | pangandikanira aris ||

49. dhuh prapta kula sang prabu | pan amung parlu martuwi | dhumatêng paduka nata | rèhning mêntas wontên kawis | dahuruning prajanira | saking karsanta sang aji ||

50. ngalih kitha Sala dhusun | punika kula kaluwih | kadêrêng arsa umiyat | labêt dening gunging asih | kangjêng Kumpêni Walônda | dhumatêng Narendra Jawi ||

51. sang prabu mangsuli arum | prasêtyanipun Kumpêni | sih marma mring kraton Jawa | rumêksa mamrih basuki | dahat sukarêna [sukarê...]

--- 39 ---

[...na] kula | panjênêngan kula ugi ||

52. datan darbe sigan-sigun | agêngipun sônggarunggi | nanging mung mantêp pracaya | mring Kumpêni lair batin | saking dening rêsêp kula | kula anggêp kulit daging ||

53. gurnadur suka kalangkung | myarsa prasêtyaning aji | risampunipun antara | sang nata jêngkar sing loji | kondur dhatêng pasanggrahan | tuwan kumêndur umiring ||

54. pra bupati datan kantun | tantara dangu praptaning | sêsugun mawarna-warna | saking Kumpêni mêpêki | myang sing Bupati Samarang | warata wadya gung alit ||

55. sawusnya rêrêm sang prabu | gurnadur jendral martuwi | sigra amurwèng kalangyan | mriksa ananing jaladri | nutug gènnya mangun suka | jendral lawan sri bupati ||

56. wusnya antuk pitung dalu | dènnya wontên ing Samawis | sang prabu lan tuwan jendral | gya jêngkar mring Sala nagri | sami anitih jêmpana | lamun sayah nitih wajik ||

57. sang aprabu munggèng ayun | gurnadur jendral nèng wuri | de ananing pakurmatan | tan siwah kadi duk nguni | têdhakipun sri narendra | dhatêng nagari Samawis ||

58. wadyakuswa sangsaya gung | wêwah bupati pasisir | tanapi bala Walônda | Jêng Pangeran Mangkubumi | yèn nata nitih jêmpana | kinon angamping-ampingi ||

--- 40 ---

59. adharat ing lampahipun | nèng kanan utawi kering | ngampil pamucangan nata | gêgujêngan turut margi | luwês cucut tandukira | katonton putus ing budi ||

60. dupi têdhaknya sang prabu | prapta anèng Bayalali | sang nata dhingini lampah | ari Dite nuju kaping | pitu likur nunggil wulan | rawuh Surakarta nagri ||

61. tuwan kumêndhan tan kantun | umiring jêng sri bupati | sawusnya nata ngadhatyan | kumêndhan gya mundur amit | angrêrakit pasanggrahan | jro loji rinobaya sri ||

62. badhe ing pakuwonipun | Gurnadur Jendral Batawi | gêdhong loji duk samana | kang dadi lagya satunggil | nêp jandhela dèrèng dadya | marma mung tinutup mori ||

63. arine Soma gurnadur | prapta Surakarta nagri | laju tumamèng kadhatyan | Monggang Kodhokngorèk muni | mariyêm gung magênturan | drèl sanjata wanti-wanti ||

64. Kumpêni myang wadya prabu | lun-alun gènipun baris | wau kangjêng sri narendra | miyos dhatêng sri manganti | amêthuk gurnadur jendral | kanthèn asta mring pandhapi ||

65. horêg wong jro praja kêbut | tan petungan kang ningali | jalwèstri jêjêl sêk-sêkan | pinggir marga kêbak janmi | sawusira sawatara | gurnadur jendral nèng puri ||

66. nulya

--- 41 ---

pamit ing sang prabu | arsa makuwon mring loji | sang nata sumarah karsa | gurnadur jendral gya mijil | sinatriya pra punggawa | kang anom samya umiring ||

5. Sinom

1. jêng tuwan gurnadur jendral | sampun makuwon ing loji | sinangkalan praptanira | wong nywara horêging bumi |§ Tahun Dal: 1671 = Tahun Walandi: 1746 [Sengkalan: wong nywara horêging bumi (1671 A.J., 1746 A.D.)]. sagung para bupati | makuwon sasukanipun | enjinge sri narendra | têdhak martuwi mring loji | andrawina nganti diwasaning surya ||

2. sri bupati lagya jêngkar | enjinge jendral martuwi | sinambut lan mangun suka | kongsi diwasaning ari | gurnadur lagya pamit | praptèng kawan arinipun | jangkêpe kaping tiga | têdhaknya jêng sri bupati | maring loji gurnadur mangun wicara ||

3. sang nata ngaturan ngiwa | mring gêdhong sami pribadi | mung kanthi dêlèr satunggal | gurnadur umatur aris | traping krama maripih | mêmalad mamèt saarju | dhuh pukulun sang nata | ingkang satuhu bawani | ing bawana talatahing nuswa Jawa ||

4. mugi ta anglêpatêna | ing bêbêndu tulah sarik | dhatêng Rad Pêni India | miwah sampun sônggarunggi | kula matur sajati | tiyang Kumpêni gènipun | wontên ing nuswa Jawa | ngayom barkahing narpati |

--- 42 ---

ingkang sampun kawuryan satuhu trêsna ||

5. marma Kumpêni sadaya | ing sêdya tarlèn mêmamrih | tata arjaning kang praja | mulyaning karaton Jawi | tulusa ing salami | dalah satalatahipun | sampun wontên dur cara | bêbaya kang bêbayani | lir pakartining Cina ngrêngkakkên praja ||

6. mila lamun jêng paduka | kaparêng panudyèng galih | pasisir êlèr sadaya | kagadhuhna ing Kumpêni | môngka pracihna yêkti | sih kadarmanya sang prabu | dhatêng bôngsa Walônda | kang rumêksa kraton Jawi | pawong sanak datan pêgat salaminya ||

7. dene lamun kasambadan | anggadhuh tanah pasisir | kang pinrih yêkti mung arja | tan ngewahi adat Jawi | myang pawêdaling siti | ingkang konjuk ing sang prabu | sapintên kathahira | Kumpêni mung dadya margi | lumadosing paos kadya saban-saban ||

8. duk miyarsa sri narendra | têmbunging Jendral Kumpêni | langkung kagyat ing wardaya | dene tan nyana sayêkti | yèn jendral ingkang prapti | minta siti lèr sadarum | kang nèng têpi samudra | dahat ribêng tyas narpati | gya mangsuli pangandika manuhara ||

9. dhuh eyang mênggahing kula | tan liyan namung marêngi | sabarang ingkang kinarsan | mring sagunging pra rad pêni | awit sampun ngugêmi | ubayèng mung mrih rahayu | nglêngkara [nglêngka...]

--- 43 ---

[...ra] yèn ngaraha | tiwasipun tanah Jawi | mila kula tan nêdya suwalèng karsa ||

10. nanging yogya dèn sarônta | kula mundhut rêmbag dhingin | maring pra nayakèng praja | sanès ari sung pawarti | jêng gurnadur mangsuli | dhuh sang prabu sampun dhawuh | dhatêng para dipatya | ing sayêkti tanpa kardi | botên sande punggawa mung mrih dur cara ||

11. tandhanipun dèrèng lama | gènnya sang prabu ajurit | nêdya ngungsir mring Walônda | saking turing pra dipati | môngka jroning rat Jawi | ingkang misesa amêngku | yêkti amung paduka | sintên kang purun ngalangi | yèn wus dadya karsane kang madêg raja ||

12. rèhne wau sri narendra | piniludpinilut. sabda hartati | tinêtêr-têtêr pinêlak | dadya mupus tyasiraji | anut titahing Widhi | alon pangandikanipun | eyang kula apasrah | marêngi nagri pasisir | nèng Kumpêni tan pae nèng asta kula ||

13. jêng tuwan gurnadur jendral | sigra ngrangkul sri bupati | dhuh sang nata kang sanyata | trêsna pracayèng Kumpêni | pakewuhing rat Jawi | Kumpêni sanggêm amikul | beyaa kêthèn yutan | sarat sajroning ajurit | awêndrana Kumpêni môngsa nyambuta ||

14. sang nata malih ngandika | eyang pamêdal pasisir | paosipun sabên warsa | lumados mring

--- 44 ---

kraton Jawi | kula dèrèng ngèngêti | marma kula arsa dangu | mring kang juru panômpa | yèn sampun têrang patitis | panjênêngan kula akintun pratela ||

15. nulya kondur sri narendra | sapraptanirèng jro puri | nimbali sang mantrimuka | myang Pangeran Mangkubumi | tan antara gya prapti | adipati kalihipun | ngandika sri narendra | marma sira sun timbali | kawruhana yèn praptane kaki jendral ||

16. darbe paminta maring wang | anggadhuh bumi pasisir | ingsun ora bisa ondhan | kudu sah sajroning linggih | dadi ingsun nuruti | ing rèh kadhêsêk ing wuwus | angungun atur sêmbah | sira dipati kêkalih | dene sampun dhawuh lilah padukèndra ||

17. sang nata malih ngandika | iya apa kang pinikir | mung pamêtune kewala | sira rêmbaga kang nuli | apa ginawe kêdhik | apa ta ginawe agung | Dipati Sindurêja | umatur ing sri bupati | dhuh pukulun dinamêl kêdhik kewala ||

18. kalih lêksa sabên warsa | dene Rahadyan Dipati | Pringgalaya aturira | kawan lêksa sabên warsi | risêdhêngnya anggalih | paos pasisir sang prabu | wau ta praptanira | Jêng Pangeran Mangkubumi | laju marêk ngastuti padaning raka ||

19. sang nata alon ngandika | wruhanira Mangkubumi | yèn praptane [prapta...]

--- 45 ---

[...ne] kaki jendral | minta anggadhuh pasisir | sun yayi wus marêngi | Kumpêni pamintanipun | wit kapêngkok wicara | jêng pangeran matur aris | dhuh pukulun dene ta botên kadosa ||

20. punapa tan kaèngêtan | lamun jênênging narpati | mung darma mêngku kewala | bang-bang lum-aluming nagri | yêkti wontên pêpatih | nayaka para tumênggung | tuwin para santana | punika kang darbe wajib | amisesa angalangna angujurna ||

21. inggih dèrèng wontên adat | ratu pêpadon pribadi | sang nata alon ngandika | iya bênêr sira yayi | nanging sun duk pêpanggih | minta sarèh datan antuk | pangeran atur sêmbah | jendral sajatine janmi | sanès buta punapa ngangkah ngalêthak ||

22. sayêkti tuhu nglêngkara | yèn ngroda paksa Kumpêni | dhatêng panjênêngan nata | ngandika sri narapati | lah kaya priye yayi | panggawe wus katarucut | dadi nora amôntra | ingsun lawan sira yayi | tan prayoga lamun ngêkèhna wicara ||

23. marma sun mupus kewala | sumarah titahing Widhi | iya pira bara benjang | yèn manggih kaharjan luwih | de kadangira sami | lamun ana ingkang mêsgul | rèhning padha rumôngsa | tinilaran rama swargi | mung sun sarah apa ing sasukanira ||

24. andhêku umatur [uma...]

--- 46 ---

[...tur] nêmbah | Jêng Pangeran Mangkubumi | pukulun môngsa wontêna | tiwas paduka narpati | tiwas sadaya sami | kang darbe kak amung ratu | sakarsa-karsa tuwan | sintên kang purun mancèni | kadang tuwan mung nêdya apês kewala ||

25. sang nata malih ngandika | hèh Yayi Mas Mangkubumi | mung pamêtune kewala | pikirên ingkang prayogi | ature si Dipati | Sindurêja sabên taun | pinapantês rong lêksa | si Pringgalaya Dipati | aturira patang lêksa sabên warsa ||

26. iku êndi kang prayoga | paran rêmbugira yayi | pangeran umatur nêmbah | pukulun jêng sri bupati | mugi dèn kawikani | siti pasisir sadarum | èstu kathah wêdalnya | saking bandaring jaladri | mung punika waragad karaton Jawa ||

27. yèn panuju ing karsèndra | tuwan mundhuta sakêthi | reyal batu sabên warsa | petanganing reyal ringgit | botên awrat watawis | kalih atus sèkêt èwu | rupiyah ing sawarsa | tumraping siti pasisir | sayêktine Kumpêni amung sumarah ||

28. awit taksih nama mirah | kathah ontunging Kumpêni | lamun botên makatêna | atis kraton nagri Jawi | siti Pajang Matawis | Bagêlèn tanapi Kêdhu | nyanggi pakaryan praja | bau lumêbêt nagari | angladosi barang rèh

--- 47 ---

karsa narendra ||

29. pundi ta dhaharing nata | bang wetan môncanagari | bogang arta bogang karya | tangèh lamun sagêd nyait | tiyang môncanagari | kathah walêd paosipun | sri narendra duk myarsa | dhawuh mring sang nindya mantri | hèh dipati kaya paran rêmbugira ||

30. samya tur sêmbah kewala | andhêku pêpatih kalih | lir kadya konjêm pratala | sang nata sampun andugi | dhawuh timbalan aji | kinèn mundura rumuhun | supadi bakit wawah | utaminipun pamikir | nêmbah mêdal sarêng wong agung têtiga ||

31. sapraptanira ing jaba | Jêng Pangeran Mangkubumi | laju kondur maring wisma | sang mantrimuka kêkalih | kondur sarêng nèng margi | rêraosan kalihipun | Dipati Pringgalaya | ngandika sarwi bêbisik | kadiparan rêmbage kangjêng pangeran ||

32. mojar Dipati Sindurja | yèn Pangeran Mangkubumi | ing galih tan angon môngsa | mung ngèngêti agêng inggil | luhuring kraton Jawi | tangèh èngêt apêsipun | lir rêmbage pangeran | tan jamak tumrap ing mangkin | wit nirnakkên manise karaton Jawa ||

6. Dhandhanggula

1. kunêng Jêng Pangeran Mangkubumi | sapraptane sana karêrônta | sri narendra timbalane | dènnya kakênan sampun | ing upadi

--- 48 ---

sadu mêmanis | dadya tansah anggagas | paran wêkasipun | karaton ing tanah Jawa | yèn pisaha kalawan tanah pasisir | tan wande karepotan ||

2. putêking tyas sanityasa tistis | mangunêngi lêladan tan arja | kang jumrunuh ing prajane | dening mangunahipun | budi longok tan wraning wèsthi | satêmah bakal nistha | jênêngirèng ratu | yata wau jêng pangeran | animbali abdinipun para mantri | catur pangajêngira ||

3. wong ing Kartasura ingkang kalih | Mas Brêmara saking Kapurbayan | kang wus kanggêp suwitane | minôngka pinisêpuh | sinung aran Radèn Ngabèi | Martawijaya sarta | juga rowangipun | sumatali kang sêsuta | pinaringan sasêbutan Mas Ngabèi | Samadipura nama ||

4. ingkang kalih abdi Sukawati | apêparab Dêmang Jayarata | ingkang dadya sisihane | Wirasêtika juluk | Jêng Pangeran Amangkubumi | dhawuhkên pangandika | bocah sun paring wruh | wingi ingsun ingandikan | pinaringan warta kalawan tinari | ing kangjêng sri narendra ||

5. twan gurnadur minta wong pasisir | sri bupati sinêsêk wicara | satêmah anglilakake | dene pamêtunipun | wong Kumpêni ing sabên warsi | ngaturakên mring nata | kadi sabênipun | Adipati Sindurêja | tur rêmbuge [rê...]

--- 49 ---

[...mbuge] mung rong lêksa sabên warsi | Dipati Pringgalaya ||

6. patang lêksa reyal sabên warsi | wong Kumpêni yêkti mung sumarah | ing sadhawah ngladèkake | dupi ingsun dinangu | ngong aturi mundhut sakêthi | reyal ing sabên warsa | dwi patih dinangu | karone kinèn mikira | prayogane ingkang dadi atur mami | amung dhêku kewala ||

7. pijêr minggu tan ngunjukkên pikir | katon sanggarunggine maringwang | sri narendra timbalane | padha tinundhung mêtu | kinèn mikir ingkang prayogi | lah sira rasakêna | kang kaya tur ingsun | lan ature Pringgalaya | Sindurêja sira rani bênêr êndi | matur mantri sakawan ||

8. dhuh pukulun èstu lêrês gusti | tanah uruting têpi samudra | akathah kabandarane | patih kalih turipun | mung kabêkta marasing galih | yèn kapêntog wicara | dening jêng gurnadur | aywa kongsi antuk cêla | tan rumêksa ngarah kacukuping gusti | kang cakêp botên lôngka ||

9. Rôngga Wirasêtika lingnya ris | inggih kakang Dêmang Jayarata | nadyan kathah santanane | sang nata sêmunipun | mung jêng gusti ingkang tinari | tanapi pinarcayan | iku têgêsipun | baya pakewuhing praja | mung kang rayi ingandêl tinari-tari | angalang ngujurêna ||

10. ing samêngko sanak [sana...]

--- 50 ---

[...k] Sukawati | sayêktine kakang Jayarata | kudu salin pambêkane | tinuman mèn kalantur | gêdhèkakên tyase pribadi | ingkang darbe curiga | pangaji nêm suku | cipta arêga limalas | tumbak rêga nêm jam pêl ciptanên sami | yèn pangaji sadasa ||

11. sabuk solok dèn anggêpa sami | kalawan sabuk cindhe jalamprang | wong kang darbe picis sêtèng | nganggêp reyal sapuluh | dèn tuwajuh anrusing batin | anon mungsuh sanambang | ciptanên mung satus | santosaning tekadira | lamun ora kumêdhèp mêsthi sinung sih | nugrahaning Hyang Suksma ||

12. lama-lama sêngkakêna malih | jro tyasira supaya dadia | nagara prajurit gêdhe | munjuli prawira nung | ing Madura lan Surawèsthi | wêwinih kaprawiran | saking karsa prabu | de gusti mung têlung nambang | tinêmpuhkên bot repote tanah Jawi | pratôndha yèn karasa ||

13. pra santana sêsanga kang maksih | têka amung jêng gusti kewala | kang tinari esuk sore | kinathik siyang dalu | dening raka sri narapati | yèku panggawe gawat | abot yèn dinulu | ènthèng lamun linampahan | dèn tumitih ing titahira Hyang Widhi | luhur kalawan andhap ||

14. lamun têmên ora kêna gingsir | cêndhak dawa yèku [yè...]

--- 51 ---

[...ku] wus tinitah | ing manungsa mung antêpe | puji minôngka paju | panglêpasing papa prihatin | budi kang sinambadan | anjajah tuwajuh | tan kumêdhèp barang karya | pakaryane dêdana dinadak dadi | pusaka pangawasa ||

15. jêng pangeran angandika aris | hèh ta dêmang lawan sira rôngga | bangêt panarimaningong | tanapi mring sirèku | Martajaya dèn angantêpi | apa sasêdyanira | kang wus sira wuwus | ingsun ngèstrèni kewala | lamun têmên tinêmênan ing sakapti | dening kang Murbèng Jagad ||

16. wêwêkas ingsun mring sira sami | nadyan silih anggêdhèkkên manah | aywa gumunggung ambêke | adiguna adigung | awit iku wisaning urip | marma ywa kongsi pêgat | marsudi mrih ayu | ayu ing sabarang polah | polah ingkang mamrih sampurna ing budi | budi mring karaharjan ||

17. utamane wong tinitah urip | dèn abisa angenaki manah | marang sapadha-padhane | pêpadhane tumuwuh | angêkèhna panggawe bêcik | luwês manis ing basa | basukining têmbung | bungaha kang padha myarsa | gêgulangên ing siyang pantara ratri | ciptanên ing wardaya ||

18. lan dèn kèsthi aywa kongsi lali | madhêp manêmbahira ing Suksma | wruha marang wêkasane | wêkasaning tumuwuh | têtumanên dimèn lêstari |

--- 52 ---

lêstarine sampurna | sampurnaning kawruh | kawruh marang kauwusan | karakêta marang tingal kang sajati | jati-jatining tunggal ||

19. yèn wus tunggal dèn maksih kêkalih | kêkalihe Gusti lan kawula | lair kalawan batine | yèku upaminipun | yèn wus têpung lair lan batin | kadi wrêksa candhana | ambune atêrus | wangi ing jaba jro ngambar | ngambar-ambar wignya babar ujar bêcik | rêricikaning raga ||

20. lamun sira wus wignya ngrêricik | jro tyasira salirê prakara | nora samar kahanane | anane barang laku | laku ingkang sira lakoni | yèku janma utama | dene wus amêngku | wêwêngkone jagad raya | barang lair mung jumrunuh anututi | dadi sasêdyanira ||

21. wau Jêng Pangeran Mangkubumi | putus rêmbage pratiwa wadya | gantya kangjêng sang pamase | bab ing pamêdalipun | wong pasisir ing sabên warsi | datan karsa ngagêma | pangeran turipun | turing Dipati Sindurja | kang dhinahar mung rong lêksa sabên warsi | wus ngutus mring apatya ||

22. mundhi nawala jêng sri bupati | kanthi sêrat pratelaning cacah | pasisir ing pamêdale | dhumatêng twan gurnadur | sri bupati tan paring uning | mring kang rayi pangeran | wau lampahipun | risang kalih mantrimuka | sapraptaning loji sampun apêpanggih |

--- 53 ---

tuwan gurnadur jendral ||

23. wusing jawat asta sang dipati | gya ngaturkên nawalèng narendra | tinampèn tinupiksa ge | jendral suka kalangkung | duk anuksma raosing tulis | aris kang pangandika | anêdha satuhu | Rad Kumpêni ing India | mring andika risang kalih nindya mantri | enggale tampi sêrat ||

24. pratelaning pamêdal mantêsi | mangke kula ayun uningaa | sang nata pintên kadange | Pringgalaya umatur | ingkang sêpuh kantun satunggil | Pangeran Danupaya | dene ingkang wolu | pra sami anèm sadaya | Jêng Pangeran Ariya Adinagari | nuntên Adiwijaya ||

25. nulya Jêng Pangeran Mangkubumi | gya Jêng Pangeran Ariya Rôngga | Jêng Pangeran Matarame | Pangran Slarong rinipun | Jêng Pangeran Panular malih | Pangran Bèi pulunan | kadangipun sêpuh | sang nata kang apêputra | wontên malih dados mêngsah ingkang kalih | madêg ardi Sêmbuyan ||

26. Buminata lawan Singasari | pulunan nata kang dadya mêngsah | Mangkunagara lan Pamot | prasamya ngrisak dhusun | angrêriwuk têtiyang alit | gurnadur ngungun myarsa | angandika arum | dyan dipati pra santana | ingkang trêsna tan kesah saking nagari | andika saènana ||

27. dupi midhangêt [midha...]

--- 54 ---

[...ngêt] Dyan Adipati | Pringgalaya suka jroning nala | de antuk marga sêdyane | Sindurêja jumurung | sigra Pringgalaya Dipati | umatur maring jendral | dhuh tuwan gurnadur | kadang santana narendra | kang nèng nagri samya kirang dharing sabin | mung têtiga kang cêkap ||

28. Adinagara Arya Matawis | lurah santana sabinnya kathah | Mangkubumi katigane | punika kang linangkung | tigang èwu cacahing sabin | tan wontên tumimbanga | para kadang prabu | pangeran wus kadya raja | awibawa winongwong jêng sri bupati | kalangkung kinasihan ||

29. jêng pangeran ingkang madanani | pra santana Pangran Dinagara | lênggahe sabin cacahe | mung sèwu gangsal atus | lan Pangeran Arya Matawis | kang lênggah cacahira | sèwu kawan atus | Pangran Rôngga Diwijaya | gangsal atus lênggahe pangran satunggil | dene para pangeran ||

30. ingkang sami sinung lênggah siti | namung nigang atus ingkang mratah | marma langkung musakate | tan cêkap dhaharipun | aprasasat tan darbe abdi | pantês wontên kang mêdal | wit saking ngêlalu | tan bakit lamun umiyat | mring Pangeran Ariya Amangkubumi | kang agung tanpa timbang ||

31. twan gurnadur jendral tanya malih | Pangran Mangkubumi karta jaman | ing nguni pintên sawahe | lan sawah [sa...]

--- 55 ---

[...wah] têlung atus | petungane pan kadospundi | matur sang mantrimuka | ing petanganipun | adat Jawa cacah karya | têgêsipun damêle tiyang satunggil | winastanan sakarya ||

32. dadya dharing pangran warni sabin | petang saking cacah nara karya | kang kuwat anyanggi gawe | kala dèrèng dahuru | dharing Pangran Amangkubumi | amung nêm atus karya | wêwah tigang èwu | marma sarwa kinacèkan | sayêktine kacèke kapati-pati | jendral nolih ngandika ||

33. hèh Gêndhorêp apa ta sayêkti | yèn sanyata pagene bineda | kumêndhan alon ature | pukulun milanipun | kinacèkan lawan sêsami | awit kangjêng pangeran | kangge karyanipun | putus pangolahing praja | cukup cakêp barang rèh karsaning aji | môngka gul-aguling prang ||

34. ingkang kathah pangran ukur urip | mung nêsêki lêlurung kewala | anggêdhèkakên angkuhe | kala jêngkar sang prabu | sami nungkul Sunan Garêndi | tyas kêkês lir wanodya | tan wirang ing kalbu | Pangran Mangkubumi tobat | botên sotah nungkul dhatêng Sunan Kuning | milalu mring Samarang ||

35. lan malihe tanah Sukawati | tigang nambang nguni rinayudan | Martapura sabalane | sagung para tumênggung | lumuh lamun ingabên jurit | dupi pangran tumêdhak |

--- 56 ---

mêngsah kapalayu | marma tanah Sukawatya | pinaringkên môngka ganjaran narpati | gènnya mungkasi karya ||

36. jêng gurnadur angandika aris | dhingin iku ngungsi mring Samarang | duk Kartasura bêdhahe | bênêr gêdhe tyasipun | nanging rada kakèhan thithik | lah iya ngarah apa | dèn êlong rong èwu | karia sèwu kewala | yèn anglurug sayêkti kanthi Kumpêni | mantri miwah punggawa ||

37. samya ngiring Pangran Mangkubumi | dadya amung nindhihi kewala | lah dyan dipati kalihe | dika matur sang prabu | kula ingkang tur pamrayogi | sabinipun dèn longa | ingkang kalih èwu | kantun ingkang sèwu karya | ingkang kalih èwu dèn wêwahna maring | punggawa pra santana ||

38. de pratelan sampun kula tampi | sakalangkung ing panuwun kula | gêngipun kadarman katong | kalih sang mantri ngayun | tur sandika jawat asta mit | laju tumamèng pura | prapta ngarsèng prabu | matur solahing dinuta | lan wêlinge gurnadur mring nindya mantri | mangkana aturira ||

39. dhuh pukulun kangjêng sri bupati | kaki paduka gurnadur jendral | kalawau apitakèn | pra pangeran sadarum | sabinipun sawiji-wiji | amba matur prasaja | ing sawontênipun | sabinipun rayi tuwan | Jêng Pangeran Mangkubumi [Mangku...]

--- 57 ---

[...bumi] dèn wastani | kêkathahên piyambak ||

40. marma pun kaki wau mêmêling | tur prayogi ing jêng sri narendra | mugi dèn longa lênggahe | kêkantuna kang sèwu | ingkang kalih èwu dèn turi | mundhut winêwahêna | mantri myang panèwu | miwah sagung pra pangeran | ingkang taksih sakêdhik dhaharing sabin | duk midhangêt sang nata ||

41. ruwêt-rêntêng jroning tyas tan sipi | sigra dhawuh patih kinèn mêdal | tur sêmbah lèngsèr kalihe | saking ing ngarsa prabu | sri narendra sigra nimbali | mayor wus malbèng pura | jawat asta sampun | sri naranata ngandika | hèh ta adhi sira mau apa uning | kalane kaki jendral ||

42. angrasani dhimas Mangkubumi | tuwan kumêndhan alon turira | pan sami taksih wontêne | ing ngarsa jêng gurnadur | tiwasipun pêpatih kalih | tan purun ngalingana | mring rayi pukulun | sarêng ulun tinakènan | inggih matur mila Pangran Mangkubumi | kaot sabine kathah ||

43. awit saking pangeran prajurit | têtêp dadya kanthining nagara | ing aprang pilih bobote | wantêr atêguh timbul | titih lamun amangun jurit | mêngsah pangeran gangsal | tan kewran ing tangguh | kalamun kathahên lawan | gya utusan anêdha bantu Kumpêni | mung

--- 58 ---

sadasa kewala ||

44. nanging jendral sampun anuruti | aturipun sang mantri wisesa | de wus kalêbêt galihe | Pringgalaya kang rêmbug | amba ugi dipun dhawuhi | sabinipun ri tuwan | kêkantuna sèwu | dene yèn wontên lurugan | rayi tuwan taksih anyenapatèni | sang nata duk miyarsa ||

45. saya putêk raosing kang galih | ngandika lon adhi kaya paran | têka mangkono dadine | tuwan kumêndhan matur | saupami pêpatih kalih | asèndhèn ing kawula | èstu bakit matur | ngalingi rayi paduka | ing têtêpe Jêng Pangeran Mangkubumi | kadi kang wus kalampah ||

46. ulun sampun amrih ngati-ati | pitakène tan dhawah kawula | mring Pringgalaya dhawahe | dene ta pênêdipun | ri paduka tuwan timbali | sang nata andhawuhna | ngêlong sabinipun | yèn sampun kalingan warsa | sapêngkêring jendral pinaringkên malih | ywa kongsi don asmara ||

7. Asmaradana

1. ngandika sri narapati | lah adhi sira mêtua | yayi mas sun timbalane | wuse mayor jawat asta | saksana amit mêdal | dupi pukul pitu dalu | ingkang rayi tinimbalan ||

2. Jêng Pangeran Mangkubumi | agupuh gya manjing pura | wus marêk byantara katong | ngandika sri naranata |

--- 59 ---

yayi sun asung warta | aja susah tyasirèku | sumaraha takdiring Hyang ||

3. jendral tur prayoga mami | angêlonga lungguhira | ingkang rong èwu cacahe | karia ingkang sanambang | santana miji sira | upama sun tan mituhu | sayêkti kurang prayoga ||

4. mayor mau sun timbali | ature duk kaki jendral | andangu mring patih karo | cacah lungguhira sawah | miwah sakadangira | Pringgalaya ingkang matur | prasaja saananira ||

5. mayor angungun kêpati | upama jendral têtanya | marang si Mayor Gêndhorop | ature nêdya dèn arah | aywa kongsi ngêlonga | yayi kang dadya lungguhmu | dene rêmbuge kumêndhan ||

6. mêngko prayoga nuruti | karsane gurnadur jendral | gampang yèn wus saungkure | sêdhênge kalingan warsa | sun balèkkên mring sira | ora owah cacahipun | maksih ganêp têlung nambang ||

7. narimaa bae dhingin | ywa kongsi cuwa tyasira | pangeran sêrêt ature | rèhne karsaning narendra | amba datan suwala | nanging ta prayoginipun | kawula paduka bucal ||

8. ngicalakên dhog satunggil | pintên banggi manggih gêsang | supadi paduka katong | sampun ngantos kalèpètan | ing labêt kang tan arja |

--- 60 ---

awit paduka pukulun | lawan Kumpêni Walônda ||

9. sabadan sakulit daging | upami tan mituhua | mindhak kirang utamane | tuwan ingkang nêtêpana | balung sungsum Walônda | dene kawula pukulun | tan nêdya durakèng raja ||

10. mung nêdya papa prihatin | paduka anglilakêna | dèn eklas ing lair batos | kang raka duk amiyarsa | carocosan kang waspa | trênyuh ing tyas amargiyuh | ketang trêsnane mring kadang ||

11. kang dadya woding panggalih | amung sajuga punika | kang kênèng tinaros-taros | barang rèh ingêring praja | ambêg santa budiman | môngka bêbokong praja gung | pikuwating kraton Jawa ||

12. dangu sang nata tan angling | jêng pangeran matur nêmbah | ulun nuwun lilah katong | sumêdya tilar nagara | nyarêngi angkatira | ing benjang tuwan gurnadur | amerang miyating janma ||

13. sri bupati ngandika ris | pan sarwi anênggak waspa | adhuh yayi kaya priye | rèhning wus kêncêng sêdyanta | sung jurung puja arja | muga winongwong Hyang Agung | ingsun sung pamugut trêsna ||

14. gawenên sarana yayi | asung sandhang lawan bôga | ing wadyabalanta kabèh | arta têlung èwu reyal | saksana wus tinampan | kang rayi umatur nuwun | gya nguswa padèng

--- 61 ---

narendra ||

15. waspanya pangran drês mijil | tur sêmbah mêdal sing pura | praptane padalêmane | dhawuh samêkta mring bala | nanging tan kawistara | cinatur tuwan gurnadur | ngrampungkên sakèh prakara ||

16. tampining tanah pasisir | karya sêrat prajangjian | lawan sri nata uwose | anyambêti prajangjian | Nopèmbêr ping sawêlas | tahun sèwu pitung atus | lawan kawan dasa tiga ||

17. kang sapisan sawarnining | arta bandar ing lautan | wus kaparêng ing samangke | katampan tinanjakêna | mring Kumpêni Walônda | dadya blônja têdhanipun | wadya Kumpêni kang jaga ||

18. ing Surakarta nagari | lan dhahare pra santana | kang samya kinêndhangakê | sapintên langkunganira | tinanjakkên sambuta | nira kangjêng sang aprabu | mangkana ing salaminya ||

19. kaping kalih sagung siti | pasisir êlèr lan wetan | kutha myang sawêwêngkone | kang dèrèng sinêbut sêrat | Nopèmbêr ping sawêlas | ing mangke kasrah sadarum | dhatêng Kumpêni Walônda ||

20. ngladoskên paos Kumpêni | sabên warsa kalih lêksa | reyal konjuk jêng pamase | wêwênang prentahanira | Kumpêni lir sang nata | dadya wênanging tumênggung | lulus kadi adat Jawa ||

21. ping tiga Kumpêni jangji | sadaya brayat nagara |

--- 62 ---

miwah sagung bupatine | bawahe Kumpêni Wlônda | kêdah sumungkêm urmat | kadi ingkang sampun-sampun | amiturut tata ngadat ||

22. dhatêng ing narendra Jawi | supadi ywa kongsi kurang | kaluhuran kamulyane | sagung ingkang para nata | titi tamat kang sêrat | prajangji pandamêlipun | anèng nagri Surakarta ||

23. ping wolulas wulan Mèi | sèwu pitung atus miwah | kawan dasa nêm langkunge | dene kitha kang wus kasrah | mring Kumpêni Walônda | kasêbut prajangji wau | Têgal Brêbês lan Pamalang ||

24. Pakalongan Batang malih | Wiradesa lan ing Kêndhal | Dêmak Kudus apadene | ing Pathi Juwana Tuban | Kaliwungu Lamongan | Grêsik Sidarja Sidayu | cacahe pitulas kitha ||

25. rampung sagunging prakawis | jêng tuwan gurnadur jendral | sampun amit ing sang katong | mêdal ing tanah Mataram | kalih sang mantrimuka | tumutur ing lampahipun | jêng tuwan gurnadur jendral ||

26. kanthi kang para bupati | pasisir môncanagara | akêbut prasamya dhèrèk | ingkang kantun têngga praja | amung ing sawatara | tabuh pônca wancinipun | anuju ing ari Tumpak ||

27. gurnadur bidhal sing nagri | agêng pakurmatanira | datan pae lan rawuhe | miyos ing tanah [ta...]

--- 63 ---

[...nah] Mataram | laju anjog Toyamas | marmanya bupatinipun | Mataram kalih tut wuntat ||

28. Dyan Tumênggung Rajaniti | Tumênggung Jayawinata | gumuruh swaraning kang wong | wadya pasisir nèng wuntat | punggawa Surakarta | môncanagara nèng ayun | lan kalih sang mantrimuka ||

29. Kunêng Pangran Mangkubumi | wanci bangun nis sing praja | nyarêngi jendral bidhale | sagarwa kawulawarga | rêreyongan lampahnya | kapungkur srining praja gung | anggung kasangsayèng marga ||

30. wus lêpas lampahing margi | pangeran sakulawarga | miwah sawadyabalane | sapraptaning Sukawatya | pinêthuk abdi desa | lajêng pacak barisipun | anèng Pandhak Karangnôngka ||

31. gantya cinatur Matawis | wontên santana angraman | nèng Gunung Gamping barise | wus kathah gêgamanira | Dyan Mas Guntur kang nama | sampun asilih jêjuluk | Pangran Suryadikusuma ||

32. putraning Pangeran Bèi | Ngabèi Dèn Mas Sudira | duk myarsa ing lampah gêdhe | jendral mêdal ing Mataram | bubar larut sasaransarsaran. | lumajêng Radèn Mas Guntur | anusup ing wanapringga ||

33. gurnadur prapta Matawis | makuwon sajroning praja | tigang dalu ing lamine | umiyat labêting kitha | Pasar Gêdhe ing Karta | Palèrèt samya dinulu |

--- 64 ---

lajêng mariksa samodra ||

34. sakiduling nuswa Jawi | wusnya nutug gènnya miyat | wangsul mring Mataram manèh | gurnadur ngungun tumingal | saene ingkang tanah | risampuning tigang dalu | budhal saking ing Mataram ||

35. gantya kang winarnèng tulis | nagari ing Surakarta | wusnya têrang pamyarsane | sira Kyai Saradipa | lolosipun pangeran | sarêng lawan jêng gurnadur | wanci bangun saha bala ||

36. laju tur uning mring loji | kumêndhan ngungun miyarsa | Tuwan Mayor Hogêndhorop | nulya malêbèng jro pura | wus tundhuk lan sang nata | tur uninga lolosipun | ingkang rayi saha bala ||

37. sampun praptèng Sukawati | anèng Pandhak Karangnôngka | laju umadêg barise | sri narendra lon ngandika | adhi kaya pa sira | Hogêndhorêp lon umatur | inggih yèn mênggah kawula ||

38. nadyan kathah kadang aji | kang sami tilar nagara | nanging kalamun liyane | sampun satunggil punika | ing manah wus karasa | yèn èstua dados mungsuh | pasthi yèn awrat sinôngga ||

39. lan malihipun rêspati | ngladosi karsa narendra | kinathik kêni tinaros | dadya kanthining nagara | amba datan kaduga | tiyang Jawi tatanipun | kolunya karya piala ||

--- 65 ---

40. sampun tumrap para gusti | kadange kang madêg nata | yèn pantêsa kinarya won | sanadyan kônca kewala | inggih botên prayoga | lamun kinaryaa dudu | mayor sarwi sarikutan ||

41. ngusapi waspa drês mijil | sênggruk-sênggruk aturira | dhuh sang nata ing samangke | kecalan gul-agul praja | saking during punggawa | duk punika Dyan Tumênggung | Tohjaya sumiwèng nata ||

42. kumêndhan nolih sarya ngling | hèh Bapak Panji Tohjaya | saking gunging sungkêm ingong | lan nata tan sêdya pisah | nanging kaya mibêra | marang langit raganingsun | tan bakit miyat wong Jawa ||

43. ingsun bapak kulit putih | ora niyat gawe ala | marang wong abang kulite | merang marang Gusti Allah | wong Jawa iki ora | wong bêcik-bêcik satuhu | têka jinegal warasan ||

44. Jêng Pangeran Mangkubumi | sajinis kang duwe praja | tur abêcik pambêkane | ing pikir tinari kêna | ing prang putus ing gêlar | wantêr titi tatak tangguh | golèki wong kaya apa ||

45. nauri Tumênggung Panji | Tohjaya hèh tuwan aja | padha wong Jawa kowe wor | lamun kaya Si Tohjaya | tobat agawe ala | abang putih kulit iku | ana bêcik ana ala ||

46. apan sarwi

--- 66 ---

briga-brigi | kumêndhan sigra ngrêrêpa | lah ya bapak kowe bae | kinathik marang sang nata | ywa kaya Pringgalaya | Ki Tohjaya manthuk-manthuk | nora niyat pêpucungan ||

8. Pocung

1. sang aprabu pangandikanira arum | adhi sira aja | age-age anututi | kirim tulis angrêrapu mring arimas ||

2. Mangkubumi maksih kabranang tyasipun | mênawa wus lêjar | barêng lan utusan mami | yèn ing mêngko mundhak nênangi bramatya ||

3. mayor dhêku tabe pamit sarêng mêtu | lan Panji Tohjaya | kalihe wus praptèng jawi | kunêng malih gantya ingkang winursita ||

4. jro tyasipun anggung dènnya wayang wuyung | kang tilar nagara | Jêng Pangeran Mangkubumi | ingkang madêg baris Pandhak Karangnôngka ||

5. wus amupus andêrpati ciptanipun | dadya amêmacak | patinggi ing Sukawati | ingkang bêcik-bêcik kinarya punggawa ||

6. nadyan sajung yèn bêcik dadya tumênggung | abdi saking praja | Martawijaya Ngabèi | sinung nama Tumênggung Martawijaya ||

7. kalihipun Samadipura jinunjung | apangkat bupatya | nanging namane lêstari | dadya aran Tumênggung Samadipura ||

8. abdi Sukawati kalih kang kawuwus | Dêmang Jayarata | jinunjung pangkat bupati | sinung nama Dyan Tumênggung [Tumêng...]

--- 67 ---

[...gung] Jayadirja ||

9. Rôngga Wirasêtika ing kalihipun | wus ngangkat bupatya | sarta sinungan wêwangi | Dyan Tumênggung Rôngga Prawirasêtika ||

10. wong Panajung Ki Martatruna jinunjung | bupati ingaran | Dyan Tumênggung Brajamusthi | kadangipun ran Tumênggung Brajadênta ||

11. bêkêl gunung panèkêt rupane bagus | bêkêl pangalusan | jinunjung pangkat bupati | nama Radèn Tumênggung Ranadiningrat ||

12. wontên malih wong Kalang ingkang jinunjung | kinarya punggawa | ugi apangkat bupati | nama Radèn Tumênggung Sutadipura ||

13. malihipun natasingron mantrinipun | pinacak punggawa | sarta sinungan kêkasih | nama Radèn Tumênggung Rêksanagara ||

14. amangsuli kôndha kang sampun kapungkur | Radèn Martapura | Paridan namanya alit | duk kasor ing aprang anèng Sukawatya ||

15. Jêng Pangeran Mangkubumi ingkang mukul | Radèn Martapura | nêdya mantuk mring nagari | Garobogan nanging datan kalampahan ||

16. awit kitha Garobogan wus karêbut | Kumêndur Samarang | malah mantune pribadi | Martapura kang anama Pulangjiwa ||

17. dèn puk-ipuk marang ing tuwan kumêndur | tinanêm Grobogan | dèn êbang lungguh bupati | dimèn purun nyêpêng Radèn Martapura ||

18. dadya sanggup ngubur maratuwanipun | binêktan [bi...]

--- 68 ---

[...nêktan] Walônda | sèkêt saking ing Samawis | Pulangjiwa wus angancik Garobogan ||

19. dadya bingung Martapura tanpa dunung | ngilang buwang badan | wus amindha janma kuli | mung kathokan kudhung sarung mring Samarang ||

20. tan ana wruh yèn Martapura anamur | akêkêthon abang | sade dara lawan pitik | kang tumingal dèn nyana êncik kewala ||

21. pra bupati kinèn ngubrês mring kumêndur | amung Garobogan | kang tansah dèn osak-asik | nora nyana kalamun anèng Samarang ||

22. Martapura darbe pêpulunan mantu | ran Jayapuspita | Ônggakusuma Suwandi | kang sêsuta Rahadyan Ônggakusuma ||

23. Buminatan kocapa Suwandi wau | manjing jroning praja | Surakarta arsa ngabdi | ngaturakên pêjah gêsang ing narendra ||

24. praptanipun ing jêng ratu agêng katur | bakda Mahrib têdhak | mring regol kidul manggihi | sanalika sangêt ing pamuwunira ||

25. dupi sampun lêjar angandika arum | bapakmu Si edan | Si Paridan ana ngêndi | nêmbah matur pun bapa sampun angical ||

26. kangjêng ratu atur uninga sang prabu | yèn Jayapuspita | Ônggakusuma Suwandi | prapta nungkul ngaturakên pêjah gêsang ||

27. sang aprabu angandika mring kang ibu | tumbake pun upas | ing

--- 69 ---

mangke punapa taksih | yèn binêkta kula ibu yun uninga ||

28. kangjêng ratu utusan tumbak pinundhut | wus katur sang nata | langkung rêsêp mariksani | Kyai Upas wasiyat Kudus nagara ||

29. sri narendra pangandikanira arum | pun Upas punika | kula arêsêp ningali | kula pundhut agêntos darbe pusaka ||

30. nulya dhawuh ature sumônggèng kayun | nanging jarêm ing tyas | wau sira Mas Suwandi | kangjêng ratu akathah pêparingira ||

31. reyal satus busana pangadêg têlu | Mas Suwandi sigra | mondhok wismanipun mantri | Juru Bêras Arya Kudus ingkang nama ||

32. wetan Pepe wismèng Arya Kudus wau | lawan Martapura | prênah kakangnya tumuli | kunêng malih kawuwus Dyan Martapura ||

33. laminipun nèng Samarang kalih tèngsu | angalih ping tiga | momor bêburuh mêmêlit | mêlit godhong bayare satus têlung wang ||

34. nulya wontên Bugis dosa kapalayu | cacahipun gangsal | lawan wong Koja satunggil | sarêng minggat binêkta Dyan Martapura ||

35. mlampah dalu analasak ing wana gung | mondhok yèn rahina | kalamun dalu lumaris | kawan ari lampahe praptèng Lawiyan ||

36. rencangipun nênêm tinilar ing kampung | Radèn Martapura | wus manjing praja pribadi | angêngisêp [angêngi...]

--- 70 ---

[...sêp] ngulati Ônggakusuma ||

37. panggih wontên ing wismane kadangipun | nanging Martapura | datan purun apêpanggih | lan Ki Arya Kudus kadangira tuwa ||

38. mung kang mantu winêlingakên wus pangguh | matur yèn Ki Upas | pinundhut ing sri bupati | lan Pangeran Mangkubumi sampun mêdal ||

39. botên sande inggih amurwèng prang pupuh | anèng Sukawatya | sampun angadêgkên baris | Mas Suwandi wus binêkta mring Lawiyan ||

40. sarêng dalu sampun dados rêmbagipun | mundur mring Kaondhan | siyange tumbas turanggi | nèng Kaondhan antuk turôngga sadasa ||

41. rêmbagin mring Sukawati anusul |Kurang satu suku kata: rembagipun mring Sukawati anusul. nêdya asuwita | mring Pangeran Mangkubumi | budhal dalu ing marga datan winarna ||

42. byar rahina Pandhak Karangnôngka rawuh | jujug Martajaya | lajêng katur marang gusti | tinimbalan wau Radèn Martapura ||

43. praptanipun ing ngarsa sigra rinangkul | langkung ngungunira | Jêng Pangeran Mangkubumi | Mas Suwandi ngrakêti angaras pada ||

44. pra punggawa andhèr kang sowan ing ngayun | Radèn Martapura | anulya jinunjung linggih | sinung nama Dipati Pugêr Bupatya ||

45. gumarumung ngèstrèni para tumênggung | dene Japuspita | Suwandi jinunjung linggih | nama Radèn Tumênggung Suryanagara ||

46. jêng pangeran matah prajurit tinuduh | angêlar jajahan |

--- 71 ---

Martajaya dèn kanthèni | Dyan Tumênggung Brajamusthi Jayadirja ||

47. tri punggawa wontên kuda tigang atus | ngatêr lampahira | Dipati Pugêr ing mangkin | dèn antukkên dhatêng kitha Garobogan ||

48. wontên malih cinatur magangnya prabu | Radèn Tambakbaya | Suligi namanya alit | asli Nglasêm ngabdi duk nèng Panaraga ||

49. kesah dalu mring Sukawati anusul | nêdya asuwita | pangeran suka nampèni | Tambakbaya pinacak dadya punggawa ||

50. kunêng Adipati Pugêr lampahipun | praptèng Garobogan | bêdhah tan wani ngawali | Pulangjiwa angungsi dhatêng Samarang ||

51. lan ing Warung ginitik sampun anungkul | dhatêng Sang Dipatya | Pugêr sampun dèn tanêmi | kang tinanêm Ngabèi Kartanagara ||

52. Adipati Pugêr wangsul sawadya gung | dhatêng Sukawatya | wus panggih ngaturkên warti | sasolahe dènnya angrêbat nagara ||

53. Adipati Pugêr pamrayoginipun | ngalih pasanggrahan | kang polatane prayogi | ingaturan pacak baris Majarata ||

54. ngidulipun ing Gêbang punika patut | wus rêmbag sadaya | budhal Pangran Mangkubumi | dhatêng Gêbang rineka kuthaning raja ||

55. wadyabala wus rakit pakuwonipun | rêmbage Dipatya | Pugêr aparinga uning | mring

--- 72 ---

kang rayi kalih lan Mangkunagara ||

56. Radyan Tambakbaya wau kang tinuduh | lan mantri têtiga | mantri alit Sukawati | Adipati Pugêr ingkang karya sêrat ||

57. duk puniku Pangran Mangkubumi durung | darbe juru sêrat | milane Pugêr Dipati | kang dèn iras akarya sêrat ibêran ||

58. sêrat sampun pinaringkên kang ingutus | Radyan Tambakbaya | têtiga punang kintaki | ingkang kalih mring kang rayi kalih pisan ||

59. Jêng Pangeran Buminata Singasantun | tigane Pangeran | Ariya Mangkunagari | ngajak kumpul ywa kongsi bèncènging karsa ||

60. duta sampun lumampah samantrinipun | amung salawe prah | cacahipun kang turanggi | kang jinujug Pangeran Mangkunagara ||

61. ingkang baris ing Panambangan gènipun | lor Nglaroh prênahnya | kang wau wus silih nami | ajêjuluk Susunan Adiprakosa ||

62. praptanipun duta ing Nambangan katur | sigra tinimbalan | Tambakbaya marêk aglis | praptèng ngarsa sêrat pinundhut binuka ||

63. dupi sampun pustaka sinuksmèng kalbu | dangu mring caraka | apa wus lawas Suligi | kangjêng rama gone atinggal nagara ||

64. duta matur dèrèng lami wêdalipun | sarêng lawan jendral | nulya pangeran anuding | anganthèni caraka dhatêng Sêmbuyan ||

--- 73 ---

65. mantrinipun Pancatnyana kang tinuduh | ngatêr dutanira | Jêng Pangeran Mangkubumi | duta mangkat angungkurkên Panambangan ||

9. Pangkur

1. kunêng gantya kang winarna | Pangran Buminata kang anèng wukir | lan kang rayi Singasantun | ingkang anêmbe prapta | saking wetan ngadêg Kadhiri rumuhun | Mayor Kèngsêr kang anglanggar | pangran wangsul ngilèn malih ||

2. mangkya angumpul kang raka | Jêng Pangeran Buminata kang baris | nèng tanah Sêmbuyan Gunung | suyut wong tigang dhomas | ing kangsine pangeran pakuwonipun | ingkang kinarya nagara | wus tinata rinarakit ||

3. ing kanan kering rinata | ngiringakên lèpèn ngungkurkên wukir | kumalungkung ambêk digung | kadêrêng ardèng karsa | jêng pangeran samana wus madêg ratu | sarta asêsilih nama | Sultan Dhandhun Martèngsari ||

4. pêpatih sampun amacak | sinung nama Radèn Dipati Gêndhing | kalih pangajêng Tumênggung | Purbaningrat satunggal | satunggile Dipaningrat namanipun | dene wong gunungan kathah | kinarya mantri bupati ||

5. mangkana duk sinewaka | Kangjêng Sultan Dhandhun Amartèngsari | aglar pra punggawanipun | andangu kang pawarta | Ki Dipati Gêndhing anêmbah umatur | kawarti raka paduka | Jêng Pangeran Mangkubumi ||

6. manggih ru kalawan jendral |

--- 74 ---

mangke sampun mijil saking nagari | sarêng jendral konduripun | raka dalêm pangeran | anèng Sukawati madêg barisipun | sampun angêlar jajahan | ngirupi môncanagari ||

7. lan pun kakang Martapura | sampun nungkul jinunjung ingkang linggih | Dipati Pugêr ranipun | tuwin Jayapuspita | pun Suwandi inggih jinunjung tumênggung | anama Suryanagara | kathah tiyang Sukawati ||

8. ingkang pinacak punggawa | risidhêngnya sultan agunêm kawis | kasaru dasih umatur | jawi wontên caraka | saking putra kang baris Nambangan dhusun | Pangeran Mangkunagara | angirid caraka saking ||

9. Sukawati raka tuwan | Jêng Pangeran Ariya Mangkubumi | kagyating tyas Sultan Dhandhun | Martèngsari ngandika | timbalana caraka sigra malêbu | anulya kalih caraka | ngaturkên nawalèng gusti ||

10. binuka sampun kadriya | suraosing sêrat asung pêpeling | dèn karuwan sêdyanipun | aja sok tundha bema | barang pikir tanpa tuwas lamun tanggung | ya ta wau angandika | Sultan Dhandhun Martèngsari ||

11. hèh Arya Bangkong mêtua | carakane kakang Mas Mangkubumi | sayah lèrèna pondhokmu | nêmbah mundur lan duta | wus makuwon ing wuri gêlêngkên rêmbug | anari punggawanira | Sultan Dhandhun [Dhandhu...]

--- 75 ---

[...n] Martèngsari ||

12. lah iya padha rasakna | kakang êmas sung uning marang mami | yèn wus tinggal kakang prabu | banjur arsa murwèng prang | ing samêngko angantêp ing karsaningsun | dadi rowang dèn karuwan | yèn dadi mungsuh ginitik ||

13. bocah Gunung Kidul sira | apa wani lan bocah Sukawati | Dipati Gêndhing wot santun | purun yèn sami rucah | mring pangeran sayêkti ajrih kalangkung | lan malih putra paduka | Pangeran Mangkunagari ||

14. saking pangintên kawula | badhe dhèrèk dhatêng ing Sukawati | dhèrèk paduka tan purun | kalamun makatêna | sakalangkung pakèwêd pamanah ulun | aluhung pênêt nunggila | lan raka paduka gusti ||

15. awit raka jêng paduka | linulutan ing wadya dèn eringi | sakathahing mêngsahipun | jêr wantêr maring yuda | lamun sampun magut yuda têguh timbul | tan kumêdhèp sinadasa | apanggah wani ngêmasi ||

16. pangeran kang kathah-kathah | yêkti uwas maras giris amiris | mênawi aprang kasêlut | dharat anglandhak tumbak | yèn putunga tumbake anarik dhuwung | sintên ta ingkang tumimbang | lir raka paduka gusti ||

17. sultan kalane miyarsa | ing ature Radèn Dipati Gêndhing | mring kang raka tansah gunggung | langkung bramatyanira | netya andik angatirah

--- 76 ---

mukanipun | jaja bang mawinga-winga | kumêdut padoning lathi ||

18. asta kiwa malang kadhak | asta têngên srawean anudingi | mantri kalawan tumênggung | sarwi ngêlus gêmbalagumbala. | langkung sora dhawuh pangandikanipun | bocah priye pikirira | ature Dipati Gêndhing ||

19. ngapêskên sariraningwang | kinon anut kakang Mas Mangkubumi | iya ana bênêripun | sababe kadang tuwa | nanging dahat sumêlange ing tyas ingsun | dene bibèkne kakang mas | bèbète wong gendhong sênik ||

20. nadyan padha anak raja | nanging ingsun mêtu sing pramèswari | Ratu Kadipatèn ibu | lamun ingsun anuta | mring kakang mas bibèkne wijil kapundhung | putune wong gendhong bêras | buyute wong mikul pari ||

21. canggah warènge wong desa | matun gaga sinambi angon sapi | macul maluku anggaru | luhure saka apa | adat kuna nadyan padha anak ratu | kang mêngku mêngkoni jagad | putra saka pramèswari ||

22. kang abdi dhêku sadaya | mèncêp ewa kang têbih ting kalêsik | sapuluh ngandêlna ibu | mung kumênthus kewala | nadyan silih Ibu Kangjêng Ratu Kidul | nanging datan kêndêl aprang | abdine têmah prihatin ||

23. sangsara kaponthal-ponthal | ya ta wontên [wo...]

--- 77 ---

[...ntên] abdi sêpuh kêkalih | Purbanagara ranipun | lan Radèn Tambakyuda | sadhèrèke Tambakbaya ingkang sêpuh | tunggile Tambaknagara | kang dadya kliwon panumping ||

24. maksih wontên Surakarta | wau Purbanagara lawan ari | Tambakyuda nêmbah matur | ngrêrapu maring sultan | yêkti sampun kaluhuran dhawuh prabu | nanging sampun tilar nalar | anyingkiri dalil kadis ||

25. sadaya wiji punika | ingkang dados ugêr jalêr sayêkti | sutane wong gendhong wakul | lamun kinarsan raja | inggih botên dados kanisthaning ratu | sarta tan ngrisak agama | kalamun wontêna mantri ||

26. asli sutane wong desa | asuwita nuli tinriman putri | dèrèng wontên tabêtipun | yèn guna lan prawira | ugêr taksih kusuma wijiling dhusun | sanès lan raka paduka | Jêng Pangeran Mangkubumi ||

27. bagus sêmbada pidêksa | sarwa sèdhêt mancur cahyanya wêning | têtela putraning ratu | prawira widigdaya | solah wingit datan gumunggung adigung | samya sêgêr kang suwita | ing prang wani nanggulangi ||

28. marma sae jêng paduka | ngaturana angsul-angsul kang tulis | sinanggi krami karuhun | lawan atur-atura | sawontêne pamêdale wukir kidul | lamun gusti amampanga | tan sande dipun lurugi ||

--- 78 ---

29. abdi paduka Sêmbuyan | yêkti kasor mêngsah tyang Sukawati | lan sae ingkang angadu | inggih raka paduka | dhasar kanthi Martapura purun tangguh | duk miyarsa langkung kewran | Sultan Dhandhun Martèngsari ||

30. dadya anut turing wadya | nulya dhawuh karya surat ngangsuli | têmbungipun Sultan Dhandhun | Singasari Pangeran | tan lênggana ing raka nut barang tuduh | Pancatnyana tampi sêrat | tur sêmbah anulya pamit ||

31. duta praptèng Panambangan | wus linajêngakên mring Sukawati | sarta atur angsul-angsul | Pangran Mangkunagara | ugi namung nyanggi krami karsanipun | caraka praptaning Gêbang | laju ingaturkên gusti ||

32. sêrat saking Panambangan | miwah sêrat wau kang saking wukir | ajumbuh suraosipun | tan wontên kang amampang | kunêng wau gantia ingkang winuwus | têdhaknya Gurnadur Jendral | Toyamas anjog ing têgil ||

33. wong agung ing Surakarta | lawan sagung bupati môcanagri | mantrimuka kalihipun | kinèn samya wangsula | lajêng pamit amangetan lampahipun | jêndral datan kongsi lama | dènira nèng nagri Têgil ||

34. lajêng kondur nitih palwa | ya ta wau kalih sang nindyamantri | ing Samarang sampun rawuh | lan kumêndur wus panggya | rèrèh sawatawis ari sigra

--- 79 ---

laju | sapraptaning Surakarta | panggih mayor patih kalih ||

35. anampèkakên pustaka | saking jendral maring mayor pribadi | laju prasamya lumêbu | mayor lan sang dipatya | praptèng pura samya ngabêkti sang prabu | pêpatih lan pra bupatya | mayor tur uning jêng sang sri ||

36. suraosing sêrat jendral | mayor kinèn miranti ing ajurit | nulya anirnakna mungsuh | tan wruh yèn mungsuh wêwah | tuwan jendral badhe akintun bêbantu | prajurit ingkang santosa | saking nagari Batawi ||

37. nata dhawuh ing Apatya | Pringgalaya yèn Pangran Mangkubumi | mêdal barisipun agung | ngirup môncanagara | mungsuh para pangeran wus samya anut | iyêg sabarang rèhira | Pangeran Amangkubumi ||

38. andhêku Sang Adipatya | Pringgalaya cinêthik langkung ajrih | mangkana wus kinèn mêtu | sagung kang saking kesah | sri narendra sigra angandika arum | dhumatêng tuwan kumêndhan | sun arsa akirim tulis ||

39. mring arimas Sukawatya | sung pawarta yèn sasi Madilakir | ingsun arsa amêmantu | putraningsun kang nama | Ratu Alit sun tarimakakên antuk | Bupati Wiryadiningrat | sira siyaga akardi ||

40. tuwan kumêndhan turira | ulun arsa kèngkènan mring Samawis | sung uninga mring kumêndur | tuwan andhawuhêna |

--- 80 ---

wêwêlingan busana kang adi luhung | mayor sigra pinaringan | pemut wêlingan gya mijil ||

41. antawis satêngah côndra | tuwan mayor wus sarêmbag lan patih | amênêdi wismanipun | Radèn Wiryadiningrat | miwah kilèn Sri Manganti jro kadhatun | sampat saliring pakaryan | gènnya busanani nagri ||

42. duk puniku sri narendra | amisudha Radèn Tumênggung Panji | Tohjaya jinunjung lungguh | Bupati Gêdhong Kanan | sinung nama Puspanagara Tumênggung | Lurah Magang Citradirya | gêntosi Tumênggung Panji ||

43. jêng sri nata gya utusan | sung tupiksa Pangeran Mangkubumi | mayor kalangkung jumurung | ing karsa sri narendra | kang supadi liliha ing galihipun | mayor ugi kintun sêrat | sarwi kintun warni-warni ||

44. Dyan Tumênggung Jawikrama | Naladirja kalawan Sindupati | kang ingutus ing sang prabu | Saradipa tut wuntat | tan kawarna ing marga Gêbang wus rawuh | anjujug Martawijaya | wus laju katur ing gusti ||

45. duta samya tinimbalan | pinanggihan sadaya nèng pandhapi | kalangkung sinugun-sugun | ngrangin punang pradôngga | nawalêndra lawan mayor suratipun | wus katur kangjêng pangeran | anggambuh tinampèn kalih ||

10. Gambuh

1. wau ta suratipun | saking raka

--- 81 ---

kangjêng sang aprabu | tinupiksa kadriya raosing tulis | pangeran agung andhêku | manggihi dutaning katong ||

2. jro tyas langkung margiyuh | karêrantan tilar kadang sêpuh | nora nana kang rumêksa angawati | ingkang minôngka pikukuh | pangeran agung wirangrong ||

3. anênggak waspanipun | sarwi ngandika mring dutèng prabu | hèh Tumênggung Jawikrama Sindupati | lan Naladirja sirèku | padha matura sang katong ||

4. gone sariraningsun | tinggal trêsna marang ratuningsun | upamane lir kaya tinggal bêbayi | kang durung bisa lumaku | bêrangkang pinggiring waton ||

5. tan ana kang atunggu | kaya mangkono panyiptaningsun | sapa ingkang rumêksa karaton Jawi | ingsun kukuhêna kukuh | ingsun dhoyongêna dhoyong ||

6. lamun ana kang ngrungu | Jawikrama pangandikaningsun | sayêktine padha ngarani dalêming | Jawikrama nêmbah matur | dhawuh paduka sayêktos ||

7. akêkah dhoyongipun | nagri Jawi nèng paduka tuhu | lamun wontên tiyang ngucap majanani | sayêkti wong tanpa kusur | dene ngina amêmoyok ||

8. pangeran ngandika rum | saupama kondura wak ingsun | maring praja sumiwi jêng sri bupati | wicara wus katarucut | iya sapa wruh ing ngêndon ||

9. dadia [dadi...]

--- 82 ---

[...a] tikus langu | miwah dadia bulus kaluyu | tan kumêdhèp ujêr swara wus kawijil | nora selak ajur mumur | tan suminggah praptaning bot ||

10. surat satunggilipun | saking mayor binuka kang têmbung | angrêrêpa ngêla-êla langkung manis | akathah pangêbangipun | tuwan kumêndur lan mayor ||

11. pangeran datan keguh | sajroning tyas maksih kukuh bakuh | duta nata miwah dutaning Kumpêni | pinarnah pakuwonipun | wusnya tri ratri nèng pondhok ||

12. pamit sinung sul-angsul | saungkuring duta pangran gupuh | andhawuhkên ambêrêg manjangan kancil | wusnyantuk buron wana gung | amêpak bêras lan kêbo ||

13. rêmbatan kawan atus | maesane cacah têlung puluh | tuwin kidang mênjangan banthèng lan kancil | wusnya samêkta sadarum | Ranawijaya kang kinon ||

14. lawan pun Jayèngranu | mantri kêkalih sigra lumaku | ingkang ngirid pasumbang katur sang aji | Ratu Alit kramanipun | gantya ingkang winiraos ||

15. wau ta lampahipun | Jayawikrama Radyan Tumênggung | Naladirja lan Ngabèi Sindupati | kêkêran Saradipèku | dutanira tuwan mayor ||

16. sarêng ing praptanipun | anjujug mayor lajêng lumêbu | katur nata kang sul-angsul tinupèksi | anggubêt suraosipun |

--- 83 ---

kanthi sêmu ngolok-olok ||

17. wantu tulisanipun | Dipati Pugêr Paridan iku | bisa gayêng ngamadaka nôngga krami | amirid piride alus | luwêse mêmbut binanyol ||

18. duta samya dinangu | aturipun dhuh gusti sang prabu | barisipun rayi tuwan sampun dadi | langkung saking kalih èwu | wisma kang rinakit pondhok ||

19. kang myarsa samya ngungun | tuwan mayor wus pamit umêtu | datan lami duta Sukawati prapti | rêrêmbatan kawan atus | patang puluh kang ginotong ||

20. maèsa têlung puluh | anjujug mayor laju wus konjuk | mring sang nata duta saking Sukawati | ngaturkên bon-abonipun | dènnya mêmantu sang katong ||

21. mangkana praptanipun | tanggal kaping wolulas anuju | ri Rêspati ing sasi Jumadilakir | maksih êdal taunipun | praptaning karya mêmanton ||

22. busêkan sapraja gung | nindya mantri santana tumênggung | atanapi sagunging panèwu mantri | makajangan nèng lun-alun | mangun suka gêntos-gêntos ||

23. cinêndhak roncènipun | gênging bawahaning amêmantu | dhaupipun putri lan santana aji | sangkêp uparêngganipun | nadyan bakal kang kadhaton ||

24. tantara laminipun | karsanira kangjêng sang aprabu | Radèn Wiryadiningrat [Wiryadining...]

--- 84 ---

[...rat] jinunjung linggih | Pangran Pakuningrat juluk | dhawuh timbalan sang katong ||

25. patih lan pra tumênggung | twan kumêndhan Kumpêni sadarum | angèstraniangèstrèni. dhawuh timbalaning aji | jroning praja wus misuwur | mangkana gantya rinaos ||

26. wusnya lêt kalih tèngsu | wontên prajurit Kumpêni rawuh | drahgundêre dwi atus saking Batawi | têtindhih Mayor Tênangkus | kinèn anirnakkên mungsoh ||

27. wus katur ing sang prabu | nata dhawuh mring mantri pangayun | sawusira tampi dhawuh patih kalih | amatah ing punggawa gung | kang nglurug myang jagi kraton ||

28. samana wus sarêmbug | patih kalih lan Mayor Tênangkus | atanapi Hogêndhorêp datan kari | gêlêng gumolong ing rêmbug | mung sakêdhik kang mangalor ||

29. kinathahan kang ngidul | wit pangerane kathah kang kidul | pra punggawa sigra samêkta ing kardi | bêbêgjan tibaning umur | wus pêsthi yèn dadya mungsoh ||

30. kang mangidul don pupuh | mayor kalih senapatinipun | miwah malih Pringgalaya Adipati | sapanêngên pra tumênggung | amung satunggil kang kalong ||

31. bupati sarèhipun | Pangran Pakuningrat ingkang kantun | pan linintu Mataram Bupati siji | Rajaniti ingkang tumut | Jayawinata tunggu brok ||

32. lan wong Kalang sadarum | bupatine [bupati...]

--- 85 ---

[...ne] mantri myang panèwu | tumut ngidul rumêksa mariyêm sami | drahgundêr Walônda satus | kalih atus dharat golong ||

33. dene ta ingkang nglurug | amangalèr senapatinipun | Adipati Sindurja lan pra bupati | sapangiwa pra tumênggung | panèwu mantri mangisor ||

34. drahgundêr wolung puluh | prajurit dharat satus rong puluh | ingkang dadya senapatining Kumpêni | Kapitan Kop naminipun | datan tinindhihan mayor ||

35. ingkang pinatah kantun | bupati lêbêt lan malihipun | pra santana wêwolu kanthi prajurit | jagêr Wlandi patang puluh | tindhih Kapitan Salotor ||

36. dupi samêkta sampun | bala Kumpêni myang wadya prabu | amarêngi Soma Pon wimbaning sasi | Ruwah ping salikur taun | maksih Dal saksana bodhol ||

37. anglurug andon pupuh | angkatipun saking alun-alun | sri narendra samana miyos tinangkil | bupati kliwon kang nglurug | samya ngabêkti sang katong ||

38. twan mayor kalihipun | wusnya jawat asta lan sang prabu | sarêng budhal kang ngalèr myang ngidul sami | swarane bala gumuruh | lir gora rèh anjingganom ||

11. Durma

1. pan sinigêg wadyabala kang lumampah | gantya ingkang winarni | kang baris nèng Gêbang | nuju siniwèng wadya | Jêng

--- 86 ---

Pangeran Mangkubumi | andhèr balabar | lagya agunêm pikir ||

2. duk samana kasaru ing praptanira | têliking mantri ngarsi | gancangan tur wikan | yèn mêngsah sampun mêdal | sangkêp kapraboning jurit | kangjêng pangeran | dhawuh samêkta baris ||

3. sarta paring sêrat marang Panambangan | Pangran Mangkunagari | kinèn ngidul gêcak | dhatêng kitha Kaduwang | supadi karya kuwuring | mêngsah kang nglarag | tan winarna ing margi ||

4. sapraptaning pabarisan Panambangan | duta ngaturkên tulis | sawusnya kadhadha | suraosing pustaka | pangeran umangkat aglis | praptèng Kaduwang | lajêng campuh ing jurit ||

5. Dyan Tumênggung Kaduwang datan kuwawa | tumanggah ing ajurit | dene jêng pangeran | nêsêk sawadyanira | bubar wong Kaduwang ngisis | kuthane bêdhah | nulya dipun jarahi ||

6. tinanêman mring Pangran Mangkunagara | tiyang amangun tèki | ran Dewa Kusuma | ingalih namanira | Natawijaya wêwangi | têtêp alênggah | ing Kaduwang Bupati ||

7. pangran sigra kondur dhatêng Panambangan | wuwusên Sukawati | ingkang pirêmbagan | Dipati Pugêr turnya | sampun paduka lawani | sae ngoncatan | binabingung ing jurit ||

8. pinarapat pinara gangsal punggawa | miwah kang para mantri | supadi tan bisa | nangguh ênggèning mêngsah |

--- 87 ---

Jêng Pangeran Mangkubumi | sigra parentah | marang para bupati ||

9. kakang Pugêr sira lan Suryanagara | Si Warung Angabèi | padha angalora | Rôngga Wirasêtika | sira angetana kanthi | Ranadiningrat | Samapura ywa kari ||

10. padha sira anggubêda kering kanan | dene kang dhèrèk mami | sira Jayadirja | lawan Rêksanagara | tanapi Si Brajamusthi | sawadyanira | sun arsa ngrampit nagri ||

11. sawusira gumolong ingkang pirêmbag | Pangeran Mangkubumi | miwah pra bupatya | sawadyabalanira | wus myarsa mungsuh mèh prapti | nèng Jatimalang | langkung agêng kang baris ||

12. baris Gêbang samana têngara ambyar | gêlare wus miranti | sampun pitung dina | ping sanga likur Ruwah | budhal Pangran Mangkubumi | ngilèn lampahnya | malêbêt ing nagari ||

13. mung punggawa sakawan ingkang binêkta | kawan satus turanggi | wus nabrang bêngawan | rêrêp têngahing wana | wana Rèndèng kalih ratri | tanggal sapisan | Siyam dènira ngrampit ||

14. wanci dalu tabuh sawêlas praptanya | lajêng ngobong-obongi | kilèn Pringgalayan | angidul tinaratas | anggrêng swaraning kang agni | awor lan surak | madhangi sanagari ||

15. kuwur kawur ibêkan wong Surakarta | gêng alit ting jalêrit | tambuh

--- 88 ---

solahira | mêdal nglurung tinumbak | kang mêmpên kabyukan agni | mangidul ngambah | ing Sindurjan kabêsmi ||

16. sapangidul sapangilèn sapangetan | kang pawaka mawrêdhi | ngungkuli kadhatyan | wong ngili mawurahan | samya manjing jroning puri | kawêlas arsa | ingkang tan antuk margi ||

17. tembak andhèr nèng pinggir jaro kadhatyan | mungsuh prapta ambêdhil | agègèr puyêngan | wau jêng sri narendra | nimbali kapitan prapti | salotor lawan | soldhadhu kalih dèsi ||

18. sri narendra sampun angrasuk busana | kalawan kangjêng gusti | pangeran dipatya | wontên ing palataran | budhal mangidul sang aji | salotor malang | sampun sri nata dhingin ||

19. dèrèng wontên abdi paduka kang prapta | amung Kumpêni kêdhik | abdi kadipatyan | samana wontên prapta | kèndêl wau sri bupati | dupi miyarsa | surak sanjata muni ||

20. têdhak malih gugup sarwi angandika | iku yêkti Suwandi | ya dudu arimas | Si Suwandi kewala | Dyan êndranata gya prapti | lan Jakartika | Dhelo namanya alit ||

21. sri narendra alon pangandikanira | Dhelo iku Suwandi | matur Jakartika | dene Suwandi Tuwan | rayi paduka pribadi | nata ngandika | dudu

--- 89 ---

Si Mangkubumi ||

22. Si Suwandi iku yêkti kang dinuta | adhimas Mangkubumi | matur êndranata | wontên songsonge jênar | ngandika iya Suwandi | kinon yayimas | anganggo payung kuning ||

23. gya kapitan salotor apêparentah | hèh sagung para mantri | padha singkirêna | wong ngili aja pêdhak | wong wadon rare ngrubêti | padha dohêna | lan jaro dèn sumingkir ||

24. sigra mantri kaparak kang sampun prapta | amburak wong kang ngili | panèkêt sadaya | nindhihi kancanira | jaro kidul dèn barisi | kang mujur ngetan | kanthi rolas Kumpêni ||

25. sampun wontên satus prajurit kaparak | sareyan Sêlèr nami | ingkang jinagènan | yèku kidul wiwara | kang kilèn sri narapati | lawan kapitan | salotor kang jagèni ||

26. para mantri kaparak nèng ngarsanira | kangjêng sri narapati | cacah kawan wêlas | nulya wong kadipatyan | wontên sêlawe kang prapti | Jayakartika | matur ing sri bupati ||

27. yèn suwawi lan karsa jêng sri narendra | kawularsa mêdali | sampun ngantos cêlak | lawan jaro kang mêngsah | dèrèng ngandika sang aji | salotor ngucap | paran karêpirèki ||

28. Jakartika nauri iya kapitan | ingsun ingkang mêtoni | sira aja obah |

--- 90 ---

rumêksa sri narendra | Kapitan Salotor angling | iya mêtua | nanging dèn ngati-ati ||

29. sri narendra anulya maringi tumbak | nêmbah wus dèn tampèni | tabe lan kapitan | sapuluh rowangira | kang têtiga bêkta bêdhil | pêpitu tumbak | sapraptanirèng jawi ||

30. anaratas anggêgêlar solahira | mangilèn praptèng wuri | sawurining mêngsah | nulya wangsul mangetan | wus awor lan bajag inthil | baturing mêngsah | kang samya dharat wuri ||

31. tinumbakan saking wuri kêni papat | kang pêjah dèn tigasi | kang kathah agundam | mire ngalèr ngalêmpak | têtindhihe angundhangi | kinèn mundura | agni sangsaya dadi ||

32. tanpa rungyan gumarêbêging dahana | wor jêriting rarywalit | ya ta Jakartika | lampahe bêkta sirah | nèng landheyane pribadi | cacah sakawan | praptèng ngabyantara ji ||

33. langkung suka sang nata miwah kapitan | nulya kang êlèr prapti | mantri kancanira | Pangeran Pakuningrat | Dyan Tritawijaya nami | kliwon lênggahnya | matur atur udani ||

34. lamun mêngsah kang lèr sampun mundur samya | amanabrang ing Kali | Pepe katingalan | kèndêl ngantosi rowang | tan dangu bubar lumaris | ngalèr sadaya | tan wontên ingkang kari ||

35. nulya

--- 91 ---

kondur ing dhatulaya sang nata | Jakartika nèng ngarsi | pinaring sêmôngka | langkung suka narendra | lajêng pinarak ing kursi | nèng palataran | ing tabuh satêngah tri ||

36. praptaning kang mungsuh ing pukul sawêlas | bubarnya satêngah tri | enjang sri narendra | tabuh satêngah sapta | têdhak arsa mariksani | wisma kang samya | katon maksih kabêsmi ||

37. praptanira sang nata ing Kadipala | kèndêl eram ningali | Grêmêt sapangetan | Kabangan sapangetan | Pringgalayan lawan malih | Sratèn kidulnya | wus brastha dening agni ||

38. ingkang botên kobar salèring Sêrêngan | Kamlayan ugi maksih | gantya kawarnaa | kang baris Jatimalang | Sindurja lawan Kumpêni | dalu miyarsa | yèn nagari dèn rampit ||

39. atêngara enjang Dipati Sindurja | lan sagung pra bupati | sapalih binêkta | bidhal angilèn samya | Kumpêni bêkta sapalih | Bêlangkêr Litnan | sampun nabrang bênawi ||

40. kasarêngan pangeran saundurira | dalu saking angrampit | wus praptèng bangawan | kang wetan mèh anyabrang | kang kilèn sampun nyabrangi | mundur kang wetan | sami atata baris ||

41. pangajênge wong Sukawati kang nabrang | pangirid nêmpuh jurit | rasukan kuthungan | dhuwung amung satunggal |

--- 92 ---

tan cara kadi prajurit | cara wong midhang | yèku kang mobat-mabit ||

42. wastranira bathik balonthang kasmaran | datan angatawisi | ingkang songsong jênar | maksih nèng kilèn Ngimbang | ingêdrèl mêksa angungkih | wong Surakarta | sami panas ing galih ||

43. aningali mring kang rasukan kuthungan | wontên sajuga mantri | ran Tôndhawijaya | andêling Kasindurjan | sarowange amrêpêki | dupi wus pêrak | Tôndhawijaya bêdhil ||

44. datan antuk wong kang rasukan kuthungan | malah majêng nyêlaki | pan arsa tinumbak | dening Tôndhawijaya | dupi winawas tan pangling | lamun pangeran | namur nunggil wadya lit ||

45. Dyan Ngabèi Tôndhawijaya sabala | samya lumayu gêndring | ajrih lumawan prang | wong kulambi kuthungan | wadya Sala lan Kumpêni | kang anèng wuntat | kagyat gènya ningali ||

46. dadya dhadhal kalulun lumayu ambyar | kawur salah panampi | angira pinêlak | mring wadyane pangeran | Kumpêni ngêdrèl ping kalih | kangjêng pangeran | sawadyane wus gusis ||

47. amangetan lampahe tan tinututan | wadyane ingkang kari | wontên kalih bêlah | wadya kang kathah-kathah | nyingkirkên jarahan sami | wong Surakarta | miwah bala Kumpêni ||

48. sami dongong gêgêtun [gêgê...]

--- 93 ---

[...tun] dènnya umiyat | dene mungsuhe kêdhik | nulya tinututan | tinut wuri kewala | pan lajêng minggah ing wukir | wukir Garigal | sigra mudhun ing trêbis ||

49. kudanira sami tinuntun kewala | Kumpêni myang wong Jawi | prasamya amêlak | pangeran dèrèng minggah | wadya gamêl Wanakarti | mulat gustinya | dèrèng minggah ing wukir ||

50. Wanakarti tangan ceko kalih pisan | kêncèt sukune kering | uthi ngamuk mêngsah | tan kandhêg binêdhilan | anêmpuh baris Kumpêni | numbak Walônda | lêlima kang ngêmasi ||

51. dupi nolih miyat gustinya wus minggah | lumayu niba tangi | nusul minggah ngarga | mungsuh gumuyu samya | Si Ceko bôndakalani | mendah ajaa | Ceko akarya kingkin ||

12. Asmaradana

1. pangeran wus minggah wukir | ardi alit ing Garigal | angumpul garwa putrane | ing Gêbang sampun tinilar | sadaya tinimbalan | ya ta wong Kumpêni wau | lawan Dipati Sindurja ||

2. sapunggawa wadya sami | ngumpul nèng Gêbang barisnya | têtindhih Kapitan Nêkop | ngumpul sakumpêninira | dene wau kang mêngsah | mantri Sukawati ngriku | miwah kang nama punggawa ||

3. tan manggèn kang dèn dunungi | lèr wetan kilèn samya na | sumêbar tan kêni pinrèh | dadya

--- 94 ---

tan antuk têlukan | Dipati Sindurêja | mungsuh tan kêna tinangguh | agung siyang ratri prapta ||

4. pating kalicir yèn enjing | lamun binujung lumajar | tinilar kêkinthil bae | pratingkahe lir migêna | dadosipun kang rêmbag | wukir Garigal kinêpung | ing ngriku gèning pangeran ||

5. wau Pangran Mangkubumi | junjung abdi gamêlira | kang ngamuk prang duk kasompok | Wanakarti kang wus kocap | apan kinarya dêmang | wong sèkêt lêlungguhipun | Ki Dêmang Larasiduwa ||

6. nêngna tanah Sukawati | kang maksih ayun-ayunan | gantya malih winiraos | kang nglurug mangidul samya | Dipati Pringgalaya | Hogêndhorêp lan Tênangkus | senapatining ayuda ||

7. barise kèndêl nèng Picis | Pangeran Mangkunagara | angirabakên barise | sagung punggawa pangarsa | wus sami amèt papan | Ki Surajaya Tumênggung | wus anggubêd barisira ||

8. mayor budhal saking Picis | ngangsêg angidul angetan | Pangran Mangkunagarane | mapan baris Sundimara | sampun ayun-ayunan | aprang lèrès sêdyanipun | Pangeran Mangkunagara ||

9. cucuking prang wus apanggih | bêdhil-binêdhilan gantya | Mayor Tênangkus Hondhorop | sarêng miyarsa sanjata | tinilar barisira | gêgancangan lampahipun |

--- 95 ---

samya wahana turôngga ||

10. kanthi upas Jawi Wlandi | kalih likur cacahira | sarêng mamprung panyandêre | wau karsaning pangeran | arsa angantêp ing prang | Kudanawarsa turipun | prayogi angoncatana ||

11. sanjata mungêl ping kalih | bubar barise pangeran | angidul ngetan parane | badhe anjog ing Sêmbuyan | kèndêl mayor kalihnya | barise wuri wus rawuh | ngêbroki ing Panambangan ||

12. pakuwon sampun rinakit | loji miwah pasewakan | nulya dadoskên rêmbage | angenggalkên lampahira | Dipati Panaraga | sampun prajangji angumpul | angêrakat ing Sêmbuyan ||

13. Sultan Dhandhun Martèngsari | ingkang arsa pinungkasan | sampun lumampah dutane | Adipati Pringgalaya | ing marga tan winarna | praptèng Kaduwang kacundhuk | Dipati Suradiningrat ||

14. wus panggih lan duta kalih | tinulak kinèn wangsula | sira matura ing mayor | atanapi kyai lurah | yèn sun wus nèng Kaduwang | kapan amunggah mring gunung | padha asêmayan dina ||

15. ingsun mêtu saking ngriki | patêmon anèng Sêmbuyan | duta sigra wangsul ngilèn | sapraptaning Panambangan | Dipati Pringgalaya | mring loji lan dutanipun | ingkang saking Panaraga ||

16. wêwarta kapêthuk margi |

--- 96 ---

Dipati Suradiningrat | santosa ing samêktane | tri èwu kang kêkapalan | dene prajurit dharat | kadi langkung kawan èwu | lêksan tiyang kang ngrêrêmbat ||

17. kèndêl nèng Kaduwang mangkin | ngêntosi parentah kula | mayor alon ing wuwuse | sudara pirêmbag kula | sae nulya parentah | êmbèn kula mangkat ngidul | anginggahi mring Sêmbuyan ||

18. Sultan Dhandhun Martèngsari | punika kang kula gêcak | sudara kèndêl nèng kene | miwah sagung wadya Jawa | dene kang kula bêkta | Mlayakusuma Tumênggung | Dyan Tumênggung Jawikrama ||

19. lan Citradiwirya malih | sakancane para magang | kula bêkta sadayane | pradene wong Panaraga | kawarti sampun kathah | sakathahing pra tumênggung | kantun dhèrèk saudara ||

20. Kumpêni ikangingkang. lumaris | satus tumut saudara | miwah mariyêm kalihe | Tumênggung Sasrawijaya | puniku kula bêkta | dene ta pra mantrinipun | wong Kalang kantun sadaya ||

21. mêngsah ingkang alit-alit | kang wontên ing Pamasaran | miwah kang wontên Kanitèn | kula borong saudara | yèn pantês dipun larag | nanging Kumpêni Drahgundur | kawula bêkta sadaya ||

22. rêmbagipun sampun dadi | ing dalu datan kawarna | enjang têngara budhale | kumêrab [kumêra...]

--- 97 ---

[...b] kang balakuswa | Hogêndhorêp nèng ngarsa | ing wuri Mayor Tênangkus | lampahe minggah Sêmbuyan ||

23. Sultan Dhandhun Martèngsari | wus ngirabakên kang wadya | gangsal atus prajurite | kang samya numpak turôngga | Tumênggung Purbaningrat | lan Dipaningrat Tumênggung | dadya senapati yuda ||

24. dene Adipati Gêndhing | mirèkakên para garwa | pan pitung dasa cacahe | binêkta minggah mring arga | pinrênah ing Pidêksa | cinatur ing lampahipun | Pangeran Mangkunagara ||

25. praptaning Burêng ningali | lamun barise kang paman | anèng Burêng pamanggène | punggawane tinimbalan | Tumênggung Purbaningrat | praptèng ngarsa ngandika rum | Pangeran Mangkunagara ||

26. paman apa magut jurit | kang dinangu aturira | inggih wau timbalane | gusti jêng rama paduka | kula kinèn bantua | dhatêng paduka pukulun | ing mangke paduka prapta ||

27. pangeran ngandika malih | ya bêcik kene kewala | Burêng prayoga papane | sira iku Purbaningrat | dadi pangawat kanan | de pangawat kiwanipun | Si Tumênggung Dipaningrat ||

28. Kumpêni kang bujung sami | sun watara nuli prapta | dèrèng kèndêl andikane | bala Kumpêni gya prapta | wanci ngajêngkên asar | tumingal ing mungsuh agung | têngara tambur tinêmbang ||

--- 98 ---

29. ngabani nêmpuh ing jurit | sapalih drahgundêrira | mayor ngirid ngarsa dhewe | ingêdrèl sapisan bubar | ingkang munggèng pangawat | sabalane Sultan Dhandhun | Martèngsari wus lumajar ||

30. Sultan Dhandhun Martèngsari | dupi myat balane buyar | anyandêrakên kudane | nunjang palang tan kaetang | anusup wanapringga | sipat kuping plajêngipun | sagung balanira sultan ||

31. Pangeran Mangkunagari | nèng dhadha sabalanira | kapêngkok tadhah prang rame | bêdhil-binêdhilan mêngsah | sêsêk-sinêsêk gantya | wau Twan Mayor Tênangkus | têtulung pangêdrèlira ||

32. tan pêgat awanti-wanti | bingung balane pangeran | saking kadrêsan mimise | mantrine kabranan tiga | nulya mundur lon-lonan | kang surya wus nunggang gunung | Kumpêni kèndêl drèlira ||

33. dening kasaput ing ratri | Kumpêni makuwon samya | anèng Burêng sabalane | Pangeran Mangkunagara | dalu-dalu lumampah | angilèn anjujur gunung | tan sagêd dhahar myang nendra ||

34. kèndêl wanci madya ratri | byar rina lajêng lêlampah | angilèn menggok mangalèr | kèndêl dhusun Samêlaran | atata pamondhokan | gantya wau kang winuwus | ingkang baris Panambangan ||

35. sira risang nindya mantri | rêmbagan lan pra bupatya | arsa anglanggar [anglang...]

--- 99 ---

[...gar] barise | Pangeran Pamot kang ana | ing Gubugangin desa | ingkang kêkalih tumênggung | kinèn têngga Panambangan ||

36. soldhadhu dharat Kumpêni | satus tinilar sadaya | miwah mariyêm kalihe | amung tumênggung sakawan | kang binêkta anglarag | Alpèrèswati kang tumut | Kumpênine kawan dasa ||

37. wontên sèwu gunging baris | budhal saking Panambangan | kang dadya senapatine | Dyan Dipati Pringgalaya | gantya kang winursita | Kapitan Kop nusul ngidul | atilar ing Sukawatya ||

38. Tuwan Hondhorêp manggihi | tan antara praptanira | baris ing Panaragane | horêg wong ing pabarisan | dêdamêl agêng prapta | gumuruh swarèng wadya gung | turôngga tanpa wilangan ||

39. wontên kang atur upêksi | yèn Dipati Panaraga | ingkang prapta sabalane | Tuwan Ôgêndhorêp mapag | sajawining pondhokan | Tuwan Kapitan Kop tumut | andulu untaping wadya ||

40. pirang bêbulak kaèksi | kèbêkan dening turôngga | Kapitan Kop gèdhèg-gèdhèg | dipatine maksih têbah | pangarsa wus bêlabar | apelag busananipun | sampêt pirantining yuda ||

41. adangu dènira nganti | praptane bupatinira | ngiwa nêngên pangarsane | wus kèbêkan [kè...]

--- 100 ---

[...bêkan] sakèh papan | wuri gili tan kêndhat | kadya mêndhung angêndhanu | magêrsarine kang ngayap ||

42. ngampil pacara dipati | para putra tigang dasa | prasamya amandhi towok | sinami rasukanira | warata bludru rêkta | nyamping wora-wari rumpuk | nindhihi bala pangarsa ||

43. datan antara kaèksi | Dipati Suradiningrat | nadyan wus kathah putrane | wangune kadya jêjaka | rasukan bludru rêkta | rinenda mas nyampingipun | ran samboja Madukara ||

44. amangking curiga katri | sêsingêl têlaga muncar | sang adipati praptane | age tumêdhak sing kuda | gapyuk arêrangkulan | lawan Hogêndhorêp Mayur | mayor adrês ingkang waspa ||

45. uwal astane kinanthi | sapraptaning pamondhokan | tabeyan Kapitan Nêkop | Mayor Tênangkus tabeyan | sawusnya tata lênggah | mayor maksih sênggruk-sênggruk | sang dipati nênggak waspa ||

46. kalih karantan ing galih | duk kawon prang ing Puh Buta | dalu pêtêng mung wong roro | wusnya lilih mayor mojar | dene nora kayaa | datan nyana raganingsun | bisa têmu lan si bapak ||

47. milane bapak ing mangkin | wus tri warsa tan sumewa | nora runtik sang akatong | panukune duk samana | panêbasing

--- 101 ---

kapenak | Tênangkus lan Kop anjêtung | miyarsa pirêmbagira ||

48. wau Radèn Adipati | Suradiningrat têtanya | mring Tuwan Kapitan Nêkop | sudara karya ing ngrika | punapa sampun rata | kapitan nauri wuwus | tangèh sagêda warata ||

49. sampun bêdhah Sukawati | nanging tan angsal têlukan | yèn mangetan miwah ngalèr | taksih tan kêna ingambah | Dipati Panaraga | tanya malih wuwusipun | punapa kônca kawula ||

50. bupati môncanagari | barise dèrèng anunggal | lingira Kapitan Nêkop | pindho damêl yèn sagêda | tunggil baris lan kula | inggih dèn adhangi mungsuh | pintên kang sudara têdah ||

51. Dipati Panaraga ngling | sudara kang kula patah | bupati sanga cacahe | sami lan kang kula bêkta | prajurit kêkapalan | langkung saking tigang èwu | cacah wong wontên salêksa ||

52. kalanipun kula maksih | wontên ing kitha Kaduwang | samya prapta utusane | Bupati Madiun Japan | Wirasaba Balora | Kalangbrèt Kartasanèku | Bayêm Ngrawa lan Caruban ||

53. anèng Bayêm gènya baris | botên sagêd tumindaka | pangerane ngadhang dhewe | beda lan pangeran kathah | nyokot kuping yèn aprang | kalamun kônca tumênggung | adoh saking prajanira ||

54. nagrine nuli dèn broki |

--- 102 ---

kônca bupati kèwêdan | Kapitan Kop gèdhèg-gèdhèg | Dipati Suradiningrat | mring Hondhorêp têtanya | ngriki paran wartinipun | ênggène Mangkunagara ||

55. mayor anauri aris | kula kaecalan lacak | tan uning mangke dununge | yèn têranga kula langgar | dene kalih kang mêngsah | bapak sayêkti wus ngrungu | padha nome wong Sêmbuyan ||

13. Sinom

1. tuwan kula amiyarsa | Sultan Dhandhun Martèngsari | ing Kasine wus dèn tilar | angungsi wontên ing Lincip | ing Pidêksa kang ardi | wontên guwane asirung | amot wong kalih dhomas | korine amung satunggil | prajurite binêkta ngili sadaya ||

2. kawarti êlèr punika | Pangeran Amangkubumi | balane pating salêbar | lor kidul wetan dèn jègi | ting kulicir yèn enjing | tan kantênan prênahipun | wong saba botên kêna | tinêmpuhan nganan ngering | mayor kalih alon dènira manabda ||

3. mring Dipati Panaraga | suwawi ing benjing-enjing | bêkta batur sawatara | ing Kasine yun udani | kuthane mungsuh jirih | kadiparan rakitipun | dene jumênêng nata | Sultan Dhandhun Martèngsari | anauri Dipati Suradiningrat ||

4. dhuh tuwan môngsa pelaga | wong rêraton wontên wukir | puniku pangeran [pa...]

--- 103 ---

[...ngeran] ala | balane maksih sakêdhik | nuli jumênêng aji | sayêktine botên arus | daya wania aprang | amung bêbujung pawèstri | yèn pinaran gancangan ngili kewala ||

5. liwat saking botên layak | mangkana sang adipati | balane wus sinung prênah | pakuwon sampun rinakit | amung kèndêl sawêngi | enjang têngara gumuruh | mayor kalih wus mangkat | lan Dipati Panaragi | prajurite dharat namung kawan dasa ||

6. wontên sèwu kang turôngga | drahgundêr satus pinilih | lan sagung kang pra bupatya | ing marga datan winarni | ing Kasine wus prapti | dêdamêl kèndêl nèng ngriku | wontên lun-alunira | mayor kêkalih ngubêngi | aningali wangunan rakiting kitha ||

7. parentah ngubrês gènira | Sultan Dhandhun Martèngsari | dêdamêle pinarapat | tinindhihan ing bupati | ing Kapidêksa wukir | pinaranan gya kinêpung | wiwaraning kang guwa | wusnya binuka nulya glis | ingêdrèlan sanjata kaping sadasa ||

8. apêtêng sajroning guwa | pinggir guwa dèn isèni | bêbêlaning alang-alang | jinêjêl sinulêt gêni | murub pating jalêrit | kang anèng pinggir gènipun | têngah gègèr puyêngan | pangrasane dèn lêboni | kolôntakakalantaka. dhang-dhêng muni jaban guwa ||

9. tuwan mayor sakalihan |

--- 104 ---

gumujêng alatah sami | awit sultane tan ana | mung para dyah ting jalêrit | sêsambate dharindhil | ngaruhara manrês kalbu | dadya kalangkung wêlas | wau twan mayor kêkalih | sumawana Dipati ing Panaraga ||

10. rêmbag tinilar kewala | guwa datan dèn lêbêti | kasaru ing praptanira | wong padesan tur udani | yèn Pangran Singasari | punika pisah gènipun | palajênge mangetan | anilap urut pasisir | awêwarta mring mayor sang adipatya ||

11. yèn Singasari Pangeran | mangetan turut pasisir | nulya age tinututan | Kumpêni Jawi sapalih | angidul ngetan sami | anglut ing salacakipun | dhusun ingkang kamargan | kèh wisma kang dèn obongi | lampahira dèn ênut têkèng Pacitan ||

12. datan kapanggih wus ngilang | Jêng Pangeran Singasari | kang bujung wangsul sadaya | marang ing Kasine malih | mayor lan adipati | nèng Kasine sangang dalu | sagung bêbêkêl desa | kang têluk sami ngaturi | marang mayor satuse pêndhok sakawan ||

13. prasamya pêndhok kancana | Hogêndhorêp kang nampèni | patêluke wong padesan | ugêr salawe satunggil | saking petang pinanggih | sampun angsal pêndhok satus | akathah langkungira | tuwan mayor

--- 105 ---

sukèng galih | duk samana wangsul mring Burêng barisnya ||

14. kang kantun Kasine samya | para mantri Panaragi | ingkang angubrês Sêmbuyan | santana putra nindhihi | saking Burêng agilir | kang turôngga pitung atus | tuwan mayor miyarsa | lamun sang anindya mantri | ngirabakên baris mukul Pamasaran ||

15. Alpèrèswati binêkta | môngka kanthining ajurit | mayor sigra pêparentah | mring Jawikrama Bupati | binêktanan Kumpêni | drahgundêre patang puluh | wong Bali kalih bêlah | prajurit môncanagari | pitung atus ingkang sami kêkapalan ||

16. saking Burêng wus umangkat | mangilèn anjujur wukir | anjog kidul Pamasaran | Pangran Pamot ingkang pinrih | mêdhun mangalèr sami | Pringgalaya barisipun | Gubugangin wus bêdhah | mangilèn Alpèrèswati | Pamasaran Pangeran Pamot wus nilap ||

17. mangidul minggah ing arga | kapêthuk bala Kumpêni | lan Tumênggung Jawikrama | gepak ngilèn sawadyèki | lajêng anilap malih | pisah lan punggawanipun | kalih pangkat bupatya | tumênggung ingkang wêwangi | Suramangunjaya lan Suradigdaya ||

18. binujung saparanira | wau tumêngung kêkalih | wus angilang marang wana | jro jurang kang dèn ungsèni | dadya kelangan lari | sakathahe [sakathah...]

--- 106 ---

[...e] kang bêbujung | sami wangsul sadaya | marang pabarisan malih | kang tinilar amung mantri pêpacêkan ||

19. amacak mantri sadasa | sira sang anindya mantri | saurut panggènan mêngsah | sami pinacêkan mantri | wau ta kang winarni | Hogêndhorêp lan Tênangkus | anggêlêngakên rêmbag | margi kang mring Sukawati | aywa kongsi samar sumêlang kang ngambah ||

20. Tumênggung Yudanagara | ing Banyumas kang tinuding | abarisa Pacangakan | miwah sawetane malih | kanthi prayayi nagri | kaliwon mantri panèwu | nyarêngi antukira | Kaptin Kop mring Sukawati | kang angatêr para Mantri Panaraga ||

21. pitung atus kang turôngga | Kapitan Kop wusnya pamit | saking Burêng sigra budhal | mantuk marang Sukawati | sarêng kang sami baris | urut Pacangakanipun | Tuwan êkop Kapitan | tumut nitik gèning baris | kang prayoga kilèn Matesih Sêkaran ||

22. tri ari tuwan kapitan | tan laju mring Sukawati | myat tataning barisira | Tumênggung Yudanagari | lan Môndaraka mantri | anarubakên wong dhusun | kapitan lan Rahadyan | Tumênggung Yudanagari | lêlênggahan nèng pandhapa pasanggrahan ||

23. tuwan kapitan manabda | sudara mugi nêksèni | upami para pangeran | kang dadya mêngsah puniki | yèn bangkit bêdhah nuli |

--- 107 ---

ing Panaraga karêbut | kula apan pratignya | botên ngambah nagri Jawi | atêtanya Tumênggung Yudanagara ||

24. mila sudara pratignya | Kapitan Kop angling malih | dene kathah kang gêgaman | sêmbada prabote bêcik | wadya môncanagari | mung sapalih wartinipun | kang koningan ing kula | kawêngku ing PanagariPanaragi. | sapangiwa kang têngên dèrèng uninga ||

25. Tumênggung Yudanagara | angungun duk amiyarsi | ing dalu datan winarna | budhal marang Sukawati | tan winuwus ing margi | barisan Gêbang prapta wus | kapanggih Sang Dipatya | Sindurêja awêwarti | sabên dalu tiwas mati kang barduwak ||

26. tuwan tan kenging kinôntha | riwuke wong Sukawati | sok matèni wong barduwak | lah kadiparan ing mangkin | Kapitan Kop nauri | kula utusan mangidul | kathah mungsuh ing ngrika | ananging ènthèng ing jurit | nadyan kêdhik ing ngriki awrat sinôngga ||

27. Kapitan Kop gya utusan | mawi srat mring mayor kalih | minta bantu wit kawratan | wus umêsat kang tinuding | sapraptane ing wukir | Burêng pabarisan agung | laju katur kang sêrat | mring tuwan mayor kêkalih | tinurutan sigra mayor pêparentah ||

28. bupati jroning nagara | Mlayakusuma tinuding | ngirid sapanêkarira | sakathahing [sakathah...]

--- 108 ---

[...ing] para mantri | lawan Mangunnagari | samantri panèwu sèwu | drahgundêr kalih dasa | tigang dasa kang lumaris | lampahira angalèr Gêbang pucungan ||

14. Pocung

1. cacahipun ing dêdamêl wontên sèwu | kalêbêt kang dharat | wadya Jawa lan Kumpêni | lampahira wus prapta barisan Gêbang ||

2. lan Dipati Sindurêja wus apangguh | myang tuwan kapitan | gya sinung pakuwon sami | samya asrêp tyase wong sapabarisan ||

3. kunêng gantya ing mangke ingkang winuwus | kang anèng Garigal | Jêng Pangeran Mangkubumi | wanci dalu nimbali para punggawa ||

4. pra tumênggung sadaya wus praptèng gunung | sumiwi ing ngarsa | pangeran ngandika aris | hèh sakèhing bocah sun amundhut rêmbag ||

5. lamun sira jumurung sun arsa mudhun | laju mring Grobogan | anggitik baris Kumpêni | kang atugur nèng kuloning Garobogan ||

6. baris iku yèn kongsia nabrang ngidul | sakèh abdiningwang | wong ing tanah Sukawati | yêkti bênthèt akaron kuwur tyasira ||

7. pra tumênggung umatur sèwu jumurung | lêrês karsa tuwan | amantêpa para abdi | sampun ngantos sèdhèng mring liyan panyipta ||

8. wusnya rêmbug sigra siyaga wadya gung | têdhak saking arga | sagarwa putra tan kari | laju ngalèr

--- 109 ---

mangilèn anjog Galagah ||

9. pra tumênggung ingkang pitu kinèn kantun | tiga kang binêkta | dene kang kantun ing wuri | samya kinèn ambêbedhung baris Gêbang ||

10. garwa putranipun pangeran tan tumut | tinilar ing Ngrancang | pangeran lampahe prapti | Garobogan lan Dipati Pugêr panggya ||

11. aturipun yèn paduka arsa gêpuk | Kumpêni barisnya | ing Winong tanggêl samangkin | lèpènipun agêng tan kenging cinacak ||

12. jêng pangeran mêksa adrêng karsanipun | kinèn karya sasak | Dipati Pugêr nuruti | tan adangu punang sasak sampun dadya ||

13. barisipun Kumpêni sampun angrungu | yèn pangeran prapta | arsa anglanggar ing jurit | Twan Mayor Has gya nambur ngundhangi bala ||

14. karsanipun andhingini nêdya mukul | barise pangeran | aywa kongsi dèn lurugi | wus samêkta sakapraboning ngayuda ||

15. sampun mêtu mayor laju lampahipun | Wlônda kawan dasa | kawan atus Bugis Bali | praptèng kali têmpuk nabrang rêbut sasak ||

16. ngundur-undur pangeran sabalanipun | mrih papan kang lêmpar | Kumpêni mangsah ngêdrèli | tarung lèrès tinuntun mring papan wiyar ||

17. lêt sadhusun amanggih bêbulak agung | sigra ingabanan | nêmpuh kang para prajurit | campuh bêdhil-binêdhil atri [a...]

--- 110 ---

[...tri] swaranya ||

18. yudanipun wong Kumpêni dèn bêbingung | kinitêr kinalang | ing turôngga kanan kering | amistuli yèn ingêdrèl giniwaran ||

19. dangu-dangu Kumpêni kaku tyasipun | kang dharat wus sayah | ambêkane ting karêmpis | tinarajang ingamuk punggung kèh pêjah ||

20. Twan Mayor Has kêni tinumbak wus lampus | Bugis Bali kathah | kiwul ulêng ing ajurit | janma Bugis kang kajodhi pitung dasa ||

21. Wlônda putih ingkang pêjah wolu likur | sisane sarsaran | palayune rêbut urip | binabujung abuyar pating salêbar ||

22. numbuk-numbuk kang bujung pating galuguk | langkung kasarakat | Kumpêni kang maksih urip | ngungsi maring Dêmak tanapi Samarang ||

23. balanipun pangeran para tumênggung | Dyan Samadipura | Tumênggung Suryanagari | katigane Tumênggung Ranadiningrat ||

24. samya anglut maring Dêmak ambêbujung | lan Dyan Martajaya | Kumpêni kang dèn kêkinthil | jêng pangeran anusul ana ing wuntat ||

25. praptanipun ing Dêmak laju angêsuk | Bupati ing Dêmak | Martanagara kang nami | mapakmapag. yuda datan bangkit ngudhilana ||

26. samya kuwur anut kang lumayu kawur | ngungsi mring muara | kang lumayu mring Samawis | amakêtêr giris miris tansah uwas ||

27. duk puniku Samarang Bupatinipun |

--- 111 ---

Radyan Rôngga Tisna | Wijaya wus atur uning | mring Kumêndur Dêmak wus kabrokan mêngsah ||

28. twan kumêndur dahat dènnya nêrang bêndu | sigra pêparentah | kang mêdal laut rumiyin | Twan Kumêndur Teling arsa miyos dharat ||

29. ya ta wau jêng pangeran praptanipun | anèng kitha Dêmak | kidul lan kang dèn êbroki | langkung suka dene jarahane kathah ||

30. kalih dalu Kumpêni kang mêdal laut | kèndêl asamêkta | amêndhêti baita lit | arsa mudhik dalu amukul pangeran ||

31. Wlônda satus Mayor Pal têtindhihipun | Bugis kalih bêlah | satus prajurite Bali | dalu-dalu mudhike marang jro kitha ||

32. balanipun pangeran sami katungkul | byar mêngsah praptanya | Kumpêni gya jujug kori | tarung kagèt arame rêbutan papan ||

33. karsanipun pinanggahan yudanipun | wontên tur uninga | yèn kumêndur badhe prapti | mêdal dharat ambêkta prajurit kathah ||

34. sêdyanipun sinupit ing prang sinêlut | Dyan Samadipura | ambêdhah gêbyog ing wuri | pagêr bumi kidul wetan kang dèn bêdhah ||

35. wismanipun ingobongan sarwi mêtu | mangidul angetan | kèndêl Godhong tata baris | wong Kumpêni angêbroki kitha Dêmak ||

36. ya ta wau Kumêndur Teling prapta

--- 112 ---

wus | kalawan Dyan Rôngga | Tisnawijaya kang ngiring | atêtanya êndi ênggone pangeran ||

37. tuturipun dyan rôngga mungsuh kang rawuh | kang ngancik ing Dêmak | Pangeran Amangkubumi | yèn kapara nyata dene nuli nilap ||

38. aturipun wong Dêmak ingkang dinangu | tuwan dèrèng nyata | dene balane mung kêdhik | tan wontên wruh yèn nyata miwah dedea ||

39. twan kumêndur duka dyan rôngga ginêbug | ingaranan dora | kaping nêm dyan rôngga eling | kaping pitu laju anyêpêng ukiran ||

40. ngingêr dhuwung amanthêlêng netyanipun | gya rinêbut kathah | garêjêgan samya nyapih | twan kumêndur nitih kuda sigra mangkat ||

41. nyandêr mamprung lawan drahgundêre satus | wangsul mring Samarang | dyan rôngga tan anyarêngi | sabalane lampahe alon kewala ||

42. ya ta wau Kumpêni prasamya ngrungu | lamun mêngsahira | anèng Gêgodhong anganti | sigra budhal baris Kumpêni anglarag ||

43. pra tumênggung kêkalih ingkang tumutur | Gêgodhong mèh prapta | Jêng Pangeran Mangkubumi | wus miyarsa sigra angarakit bala ||

44. nèng ra-ara ginêlaran yudanipun | baris pinarapat | jro padesan dèn sinungi | para mantri pinilih wantêr ing yuda ||

45. wong Kumpêni prapta laju drèl gumrudug | mungsuh giwar ngiwa | Kumpêni [Kumpê...]

--- 113 ---

[...ni] lagya ngisèni | sinarêmpêng tinumbakan kathah kêna ||

46. mundur ngidul angetan sigra tinêmpuh | kang kulon anyêrang | kang kidul mêlak bêdhili | nolèh ngidul kang wetan nêmpuh anunjang ||

47. dadya bingung Kumpêni malêbèng dhusun | amêmpên sêdyanya | dhusun sampun dèn ênggèni | lagya manjing ingamuk kathah kang pêjah ||

48. saya bingung ting palinguk numbuk-numbuk | kalih kang bupatya | lan tuwan mayor anggêndring | nyandêrakên kuda ngungsi mring Samarang ||

49. sutanipun Martanagara Tumênggung | ran Martawijaya | nungkul pinacak bupati | sinung nama Dyan Tumênggung Suranata ||

50. kitha Dêmak ingkang êlèr lungguhipun | dene kang kidulan | ingkang pinacak Bupati | Sumajaya kaprênah pulunanira ||

51. Pangran Wijil pradikan ing Kadilangu | sêmbada ing warna | pasêmon sudirèng jurit | nama Pangran Tumênggung Gadamêstaka ||

52. ya ta wau bupati ingkang lumayu | praptaning Samarang | sarêng lan bala Kumpêni | salang tunjang datan angetang wêwirang ||

53. laju marêk tur uning tuwan kumêndur | sarèh ing ngayuda | purwa madya amêkasi | langkung ngungun dene prang ngidêri kilang ||

15. Dhandhanggula

1. gantya ingkang kawuwusa malih | Pangran Arya Amangkunagara | kang binujung saparane | tinut ngalor angidul | mudhun jurang sumêngkèng [sumêng...]

--- 114 ---

[...kèng] wukir | ngucira kabarasat | ngalintêr anglantur | amubêng ubêng-ubêngan | sabên-sabên pinaranan angoncati | ngunthul kaponthal-ponthal ||

2. dunungipun tansah ngolah-ngalih | sakalangkung ing musakatira | tan bangkit nadhah myang sare | Akas Mayor Tênangkus | nora wangwang ing rina wêngi | angodhol lampahira | lan Gêndhorêp Mayur | angilang-ilang kinalang | kinarakat jinujul barojol maring | anjog nagri Mataram ||

3. samya kèndêl anglampahkên têlik | awit saking kaecalan lacak | mangkana mayor kalihe | amidhangêt pitutur | yèn wus anèng tanah Matawis | manggèn anèng Saminan | ing Bradhasan dhusun | mayor kalih arsa nglarag | ingkang kinèn kantun anèng Burêng baris | Dipati Panaraga ||

4. punggawane Radèn Adipati | Suradiningrat ing Panaraga | pinilihan ingkang sae | wahana kuda sèwu | lan sagunging drahgundêr Wlandi | Tumênggung Jawikrama | ingkang kinèn tumut | risampunira samêkta | laju budhal lampahe pinara kalih | prajurit Panaraga ||

5. gangsal atus tumut mêdal margi | Parambanan Tênangkus Mayornya | kang gangsal atus malihe | Tuwan Gêndhorêp Mayur | mêdal wukir anjog Magiri | praptane ing Mataram | Jawinata [Ja...]

--- 115 ---

[...winata] mêthuk | Tênangkus Mayor tabeyan | nèng pakuwon sinuba-suba mênuhi | dahat sukaning driya ||

6. Hogêndhorêp wus praptèng Magiri | Radyan Tumênggung Jayawinata | arsa mêthuk sawadyane | bêndhenira angungkung | prajurite samya miranti | ingkang wahana kuda | wontên pitung atus | akotang baludru rendan | nyampingira anaracak cara Bali | panjèn langking lancingan ||

7. anggar ingkang curiga binudir | para mantri samya sinongsongan | abra sinang busanane | sêmune ambêk purun | asarigak branyak jêlanthir | kadya wayang lanyapan | mantri ing Matarum | lamun cinôndra ing warna | anglir pendah Raja Putra Dwarawati | kang parab Radèn Sômba ||

8. sigra budhal saking ing Matawis | Mayor Tênangkus mèsêm têtanya | gawok sajroning driyane | sudara Dyan Tumênggung | Jawikrama kula tingali | solahe wong Mataram | myang pasikonipun | bèntên lan tyang Panaraga | Dyan Tumênggung Jayawikrama nauri | inggih lêrês yèn beda ||

9. Panaraga nama tiyang wukir | wangsul ing Mataram parêk raja | mila yêkti lamun kacèk | Tênangkus manthuk-manthuk | tan antara budhaling baris | Hogêndhorêp wus prapta | balane gumuruh | laju manjing pasanggrahan | wusnya tabe

--- 116 ---

Ogêndhorêp têtanya ris | pundi gène Pangeran ||

10. Jayawinata nauri aris | pangran sawadyane nèng Saminan | nging wus bibar malih ngalèr | amangetan kang purug | ing Pambrêkan mangidul malih | tuwan mayor kalihnya | myarsa langkung jêtung | jêlu tyas angangah-angah | dene pangran sabên pinaran ngoncati | dadya nglêrêmkên wadya ||

11. wusnya nèng Mataram tigang ari | tuwan mayor kalih gya budhalan | kêbut sawadyabalane | maksih kadya rumuhun | Hogêndhorêp kang mêdal wukir | kang mêdal Parambanan | Twan Mayor Tênangkus | ingiring pra wadya Jawa | Tuwan Mayor Tênangkus mèt sukèng galih | mupung wruh tanah Jawa ||

12. Hogêndhorêp wau kang winarni | sampun prapta Ponjong Pangungangan | mayor apasang gêlare | buwang reyal rong atus | dèn sinungkên têtiyang dèsi | kinèn anuduhêna | umpêtaning mungsuh | lagya kèndêl tigang dina | anèng Ponjong wontên kang matur bêbisik | ênggènipun kang mêngsah ||

13. Pangran Pamot nèng Katongan dhêlik | namur lampah momor wong padesan | amung pêpitu abdine | marma tan wontên kang wruh | Tuwan Mayor Gêndhorêp aglis | milih wong Panaraga | kang nate mêmandung | antuk tiyang tigang dasa | bupatine sakawan ingkang [ing...]

--- 117 ---

[...kang] kinanthi | bêkta rowang anglima ||

14. marginipun saking kilèn rumpil | saking êlèr jurang jro kalintang | saking kidul jurang lèpèn | saking wetan asirung | nanging kêna pinêksa ugi | kang mêtu saking wetan | kinèn wong rong puluh | nênêm kang sikêp sanjata | wus kêkangsèn angkate satêngah katri | saking baris Ngungangan ||

15. tan kawarna ing marga wus prapti | mayor kêdah ngêntosi byar enjang | kuda dèn tilari kabèh | dupi byar minggah sampun | mayor gendhong bêdhil pribadi | kang munggèng ngarsanira | mung janma têtêlu | anèng wuri gangsal wêlas | praptèng latar dèrèng wontên tiyang tangi | Hogêndhorêp mangetan ||

16. ingkang mêtu wetan wus kapanggih | sami dhêpès kinèn samya minggah | jagi wetan bubuhane | wus pênêt rakitipun | wong kang turu ngèmpèr kêkalih | sêmune punakawan | anulya pinistul | sirah pêcah kapisanan | satunggile garegah tangi binêdhil | anggundam wus palastra ||

17. nulya surak samya ambêdhili | wisma ingkang dèn gèni pangeran | pating jalêrit swarane | mayor mangalèr sampun | pangerane ambêdhah wuri | mêtune reyab-reyab | datan mawi sabuk | mung nyamping siji kewala | gya pinêstul tan kêni lumayu gêndring | nêmpuh byat glundhung jurang ||

--- 118 ---

18. tinututan binêdhil ping kalih | lêpat namung angengingi wrêksa | nanging arêmpu srirane | sirah katanggor watu | tunggak êri padhas myang curi | sapraptanirèng ngandhap | jurang jro anyamut | pangeran langkung kantaka | mayor wangsul wong lanang kacandhak urip | nênêm ingkang binônda ||

19. jarahane sadaya binagi | kang kadarbe ing mayor piyambak | wontên sèwu pangajine | sakawan dhuwungipun | mawi slorok ingkang satunggil | prabot sarwa kancana | de kang prabotipun | salaka amung sajuga | bêruk êmas cakur mas karga mas adi | anggar mas katimang mas ||

20. kancing pitung gagragan mas sami | rasukane pra tumênggung alas | amung ingambil kancinge | têtêp pangaji sèwu | langkung tigang atus watawis | mayor kalangkung suka | wong nêm kang kapikut | ingkang kalih punakawan | pinêjahan kang sakawan tiyang alit | linuwaran kewala ||

21. mayor mèh antuk pangran satunggil | manah ayêm tan kinèn ngupaya | ing jurang pangran ênggène | anèng Ponjong sadalu | wangsul ngetan mring Burêng malih | dene ingkang tinilar | nèng Ponjong atugur | mung para Mantri Mataram | kang pinacak wuwusên kang dèn ulari | Pangran Mangkunagara ||

22. sapraptane saking ing Matawis |

--- 119 ---

mubang mubêng nèng wukir kewala | ngetan angidul angalèr | ngoncati yèn binujung | kasarakat kang para abdi | ya ta pangran miyarsa | yèn Majasta dhusun | kanggènan baris Walônda | kawan dasa pangirid Alpèrèswati | amung prajurit dharat ||

23. wontên sèwu prajurite Jawi | tindhih Adipati Pringgalaya | ya ta pangeran karsane | arsa dhatêngi nêmpuh | dene bala Kumpêni kêdhik | tur adharat kewala | ènthèng sanggènipun | Kumpêni mung kawan dasa | Danawarsa tinari dipun bubuhi | magut wong kapatihan ||

24. kanthi Kartadirja Angabèi | lan Ngabèi Rôngga Panambangan | Jayasimpangan kapate | dene kalimanipun | Mantri Malangdrigama nami | kang anglanggar Walônda | wadya jro sadarum | sawusnya dadya kang rêmbag | pangran budhal sawadya Majasta prapti | sigra anêmpuh yuda ||

25. Alpèrèswati gancang ngabani | bala Kumpêni kang rakit panggah | anambur barêng lan êdrèl | pangeran balanipun | mantri jêro ngilês turanggi | Kumpêni gulagêpan | nênêm ingkang lampus | Tumênggung Kudanawarsa | sigra nêmpuh wong Pringgalayan nadhahi | rame ulêng-ulêngan ||

26. ngilês ing prang katulak ing bêdhil | Saragêni Pringgalayan kathah | tinunjang binidhung bae | kapalan [kapa...]

--- 120 ---

[...lan] wungsal-wangsul | wong ing kapatihan anêbih | dadya tan magut yuda | pijêr ting palinguk | tan kongsi dangu kang aprang | wontên patrol saking baris Burêng prapti | mêdhun ing Katêguhan ||

27. wontên sèwu cacahe kang baris | lawan turôngga môncanagara | arsa mangilèn lampahe | kèndêl dupi angrungu | êlèr kathah sanjata muni | mila wangsul kang nganglang | angalèr gumrudug | prasamya adheyan nyongklang | Pangran Mangkunagara duk aningali | gya mundur saha wadya ||

28. amangidul lajêng minggah wukir | mungsuh prasamya bêrêg sêdyanya | pangeran alon lampahe | arsa wangsul atangguh | langkung èwêd balane sami | kèh ngrangkêp bêbandhangan | milanipun laju | Adipati Pringgalaya | taksih ngusir kalawan bala Kumpêni | laju mring Pamasaran ||

29. kasaput ing dalu wong Kumpêni | sami makuwon ing Pamasaran | wau pangeran lampahe | sanadyan wanci dalu | datan kandhêg mêksa lumaris | langkung ing wingkingira | pabarisan agung | salèring Burêng angetan | kang barduwak uninga sinapa bêdhil | sinungsun kaping tiga ||

30. sawêg sami nadhah wong Kumpêni | pukul sawêlas sanjata munya | ênggèn barduwak prênahe | datan pantara dangu | kang barduwak atur udani | yèn wontên kêkapalan |

--- 121 ---

langkung tigang atus | kadi punika pangeran | mayor kalih sigra parentah ngundhangi | asiyaga turôngga ||

31. analamur lampah tan katawis | wontên kuda sèwu kapat bêlah | anjujul dalu lampahe | ngidul ngetan tinurut | salasahe ingkang tinitik | sampun untap-untapan | wau lampahipun | kèndêl nèng Dhawe pangeran | byar raina Kumpêni prapta bêdhili | gugup palajêngira ||

32. ngidul ngetan minggah graning wukir | balanira ibêk kathèthèran | Kumpêni anut lampahe | anjog ing ardi Sèwu | apan sampun kecalan lari | mayor wangsul kalihnya | mring pakuwonipun | barisan Burêng wus prapta | risaksana nglampahkên têlik anglari | kang anggambuh panggenan ||

16. Gambuh

1. antara arinipun | wusnya rêrêm Twan Mayor Tênangkus | lawan Hogêndhorêp samya gunêm pikir | mrih enggal sirna kang mungsuh | sakecane kang linakon ||

2. awit saking pakewuh | de kang mungsuh ngendrani tan tangguh | dadya têtêp anèng Burêng gène baris | yèn mrawasa ngalèr ngidul | parêk datan kongsi adoh ||

3. marma kalangkung pêrlu | matah wadya kang jaga dêlanggung | saking Burêng anjog Surakarta nagri | karêksaa wong kang ngintun |

--- 122 ---

ywa manggih bêbaya ing don ||

4. wus gêlêng kang ginêlung | Hogêndhorêp lan Mayor Tênangkus | atanapi Adipati Panaragi | katur nindya mantri sampun | Pringgalaya wus rumojong ||

5. Tumênggung Singaranu | wong numbakanyar bupatinipun | sapanêkarira panèwu myang mantri | miwah saprajuritipun | kang kinèn jagi pakewoh ||

6. ana ing lurung-lurung | ingkang samya kamargan wong ngintun | wus siyaga kang tinuduh pacak baris | budhal sabala gumuruh | sikêp kaprabon prang popor ||

7. baris lèr Wijil gunung | ya ta wontên mungsuh ingkang rawuh | wadyanira Pangeran Mangkunagari | gêgêdhêgi juligipun | sabên wong ngintun sinêbrot ||

8. Surajaya Tumênggung | Sewataranata julukipun | rowangira pitung puluh nora luwih | praptane barisan bidhung | nanging datan purun tanggon ||

9. duk samana binujung | dening barisipun Singaranu | palayune anggubêt jêbul ing wuri | mrêpêki maring praja gung | jêbul wetan jêbul kulon ||

10. tan antara gya wangsul | prapta malih binêrêg lumayu | jêbul babad krura mangkrak ngêngobongi | linanggar gagal mangidul | binujung gubêd mangalor ||

11. wanci baskara surup | Surajaya lan sarowangipun | mara sandi mindhik-mindhik [mindhik-mindhi...]

--- 123 ---

[...k] arsa dingkik | barisipun Singaranu | kang yun linurah ing Pangrok ||

12. rêm-rêm sirêm manêmpuh | marang jroning barisan dharusul | ngamuk punggung panggah limanggala gêdhig | kang tinêmpuh kuwur mawur | mung sakêdhik kang prang popor ||

13. tikêl pat rowangipun | kathah wadyanipun Singaranu | nging tan nyana lamun mêngsahipun prapti | Dyan Tumênggung Singaranu | panggah ing prang têmah layon ||

14. samana sampun katur | maring tuwan mayor kalihipun | katigane katur risang nindya mantri | yèn Singaranu Tumênggung | kasambut madyèng palugon ||

15. Mayor Hondhorêp bêndu | briga-brigi paran baya iku | mantri desa bisa matèni bupati | apa tan merang ing kalbu | Pringgalaya kang mangkono ||

16. ing wuri sapa kang wruh | pra pangeran ingkang dadi mungsuh | gawe gita tikêl pitu lan ing mangkin | ingsun amerang kalangkung | lamun kapanggih sang katong ||

17. mangkana sigra nambur | kaku tyase Hogêndhorêp Mayur | kalih èwu kêkapalan kang dèn irid | kinêrig para tumênggung | wêngis wicarane mayor ||

18. gêni têmên tyas ingsun | daya-daya wruha dhapuripun | cêcakruke Si Surajaya trayoli | de umbag gumuna anung | angina lawating pelor ||

19. rewange mung wong dhusun |

--- 124 ---

nora luwih saka pitung puluh | têka kuma dibya matèni bupati | payo Surajaya amuk | aywa mingkar dipun tanggon ||

20. tanggulangên wong gêndhung | lamun arsa wruh sudiraningsun | baya sêbit kupingira ingsun gigit | gêgêlah mindha gul-agul | ora wurung amacethot ||

21. ngungsia jurang parung | èrèng-èrèng rêrayung ing gunung | amancala putra mancala aputri | nuksma ati tikus langu | mumbula langit dèn adoh ||

22. Ajijaya nung anung | kumpulêna yèn kewala ingsun | maksih wêruh saparan masthi sun ungsir | rasakna têtambanipun | wong kang nglanangi palugon ||

23. samana mangkat gupuh | pra prajurit kapalan rong èwu | pinarapat tinindhihan ing bupati | samya asêsumbar amuk | payo kene aprang popor ||

24. gancangan lampahipun | kang turôngga adheyan gumrudug | sakathahe wadya Kumpêni lan Jawi | juwêt asêsumbar amuk | yèn nyata kacung dèn tanggon ||

25. ing nalika puniku | kang para upsir myang pra tumênggung | para mantri mratah praptèng wadya alit | mangan anginum lumaku | samya amuk wuwusing wong ||

26. wusnya lêpas kang laku | wontên wong desa ngaturi wêruh | lamun Surajaya umpêtan samangkin | anèng ing dhusun Waluyu |

--- 125 ---

wus katur mring tuwan mayor ||

27. mayor parentah gupuh | maring sagung kang para tumênggung | dèn marapit gêlare apasang rakit | Surajaya yèn darusul | ywa kongsi gagal marojol ||

28. duk mayor tampi tuduh | nuju kèndêl nèng Serenan dhusun | sigra budhal kang sèwu mangilèn sami | desa Waluyu dèn irup | ingkang wetan maro ênggon ||

29. mayor lan pra tumênggung | sampun manjing ing desa Waluyu | pinggir desa wus pêpêt kèbêkan baris | tarap kêpung dènnya ngêpung | sikêp sanjata myang waos ||

30. ngêrakat barisipun | wong pitung puluh dèn but rong èwu | Surajaya sampun amiyarsa warti | dadya bingung ting bilulung | sarowange lajêng ngalor ||

31. wus dalu wancinipun | rowangira samya ting palinguk | dene pinggir desa sampun dèn barisi | dadya wus anyipta lampus | Surajaya tansah dongong ||

32. kulithihan trapipun | sigra manggih rekadaya luhung | rowangira kinèn mindha sikêp sami | karya pikulan rong puluh | têtiga ingkang ginotong ||

33. Surajaya pan sampun | masang obor pan amung têtêlu | kang pikulan prasamya dinokok ngarsi | alok Surajaya amuk | jatine pikulan kothong ||

34. mangidul lampahipun |

--- 126 ---

Surajaya lan sarowangipun | ing samarga-marga cangkême ngacuwis | alon Surajaya amuk | samêngko yêkti katanggor ||

35. binèthètan kontholmu | kanggo tontonan anèng marga gung | sinujènan wêsi bang kongsi mangingis | sinêmpal-sêmpal baumu | ajur mumur dèn dhêdhêplok ||

36. wuri pikulanipun | ana kang ngidung Sinom parêmbun | wênèh ana Asmaradana Kinanthi | ngêlak-ngêlik mêlang-mêlung | sinênggakan sarwi alok ||

37. wurine kang sumambung | gêgamêlan cangkême kumruwuk | kinêndhangan narunthung kadya thong-thong grit | ayêm rarase tyas konus | tan môntra yèn namur lakon ||

38. kang baris anèng kidul | ngrungu swara wong mlaku kumruwuk | wontên juga panuwane pra minantri | Mêrtasura aranipun | kabangan lir kabarongot ||

39. dadya kalangkung bêndu | wêngis lanas pamicaranipun | hèh mandhêga sira iku gênjik ngêndi | dene cocotmu kumruwuk | turut dalan alêlagon ||

40. lah apa ta gobogmu | gumarunggung lir guwa kang sirung | tan miyarsa para gêdhe anêdhaki | tuwan mayor kalihipun | arsa analikung mungsoh ||

41. ngubrês durung katêmu | sira kumaki nrang baris agung | datan kêndhat gêgêmbyakan acariwis |

--- 127 ---

kurang ajarmu kalantur | nora nganggo angon kosok ||

42. apa talotok asu | dudu uwong mulane dharusul | yèn mangkono pantês lambemu sun gunting | sun dublag bata cocotmu | lamun maksih angacêmong ||

43. Surajaya duk ngrungu | sarowange tan nêdya maèlu | ujar ingkang datan jujur ngranjam ati | wangsulane rum-rum jinum | ayêm pasanging pasêmon ||

44. dhuh dhuh dara priyantun | sampun ganas mangku sêrêng bêndu | dinaliha yèn kawula tiyang alit | lêgêtane kirang emut | watara rêringa kothong ||

45. kawula tiyang pikul | kapatihan prapta arsa ngintun | para mantri ingkang sami andon jurit | mila cariwis kumruwuk | kinarya jampining angop ||

46. lan malih kula ngrungu | Surajaya arsa dèn talikung | sarowange yèn kacandhak dèn gêbiri | awit tuwan mayor bêndu | dèn ubrês dèrèng kapanggoh ||

47. anggèn kula kumruwuk | acarawak rèhning wanci dalu | bok ginagas sambang rapêt mung supadi | inggih botên karya kisruh | pangupayane kang mungsoh ||

48. Mêrtasura duk ngrungu | sakancane datan nyana tuhu | nêpsunira sakala lilih mangsuli | lah ya wis banjura wêdhus | gya laju lampahnya alon ||

49. praptèng kidul Waluyu | samya gumuyu

--- 128 ---

pating galuguk | guguk kêkêl buwang pikulan matèni | obor sarwi nguwus-uwus | wak ingsun tan malih bangkong ||

50. tan dadi tikus langu | maksih maujud manusa tuhu | mawa obor sinumêt padhang ngluwihi | suprandene tan ana wruh | kang dèn barisi mrakongkong ||

51. samana sampun laju | Surajaya lan sarowangipun | rinikatkên byar rina wus praptèng wukir | mayor ingaturan wêruh | yèn Surajaya wus lolos ||

52. inggih ing wau dalu | ngakên tiyang kapatihan ngintun | para mantri ingkang sami pacak baris | sigra ambuwang pêpikul | dupi kapungkur ing mungsoh ||

17. Pangkur

1. tuwan mayor duk miyarsa | kagyat ing tyas gawokira tan sipi | dhêlêg jêtung pungun-pungun | sigra bubarkên wadya | mayor angling maring sagung pra tumênggung | pun Surajaya punika | punapa tlotoking dhêmit ||

2. putu gandarwo Sêmbuyan | dudu uwong dene julig kapati | kinêpung ing wong rong èwu | marojol enak-enak | kang angêpung bingung kadi kênèng cubung | kaya apa dhapurira | bok iya bisa kapanggih ||

3. matane arsa sun cuplak | gêr gumujêng sadaya pra bupati | sadangunira lêlaku | anênggih kang rinêmbag | datan liyan amung kajuliganipun | Surajaya dene kadya | brakasakan [bra...]

--- 129 ---

[...kasakan] bôngsa sandi ||

4. tan antara lampahira | tuwan mayor lan sagung pra bupati | barisan Burêng wus rawuh | Dipati Panaraga | awêwarti pangeran ing wau langkung | amangilèn dèrèng têbah | têlik kula lagya prapti ||

5. kèndêl nèng dhusun Papringan | wontên tigang onjotan saking ngriki | mayor angundhangi sampun | siyaga ing ngayuda | Adipati Panaraga wus sarêmbug | bêkta prajurit kapalan | kalih èwu malah luwih ||

6. sigra budhal gêgancangan | langkung ngangah-angah mayor kêkalih | sagunging para tumênggung | samya nandêrkên kuda | prapta wanci baskara ngajêngkên surup | wontên ing dhusun Papringan | Pangeran Mangkunagari ||

7. datan nyana lan angira | lamun mêngsah Kumpêni andhatêngi | dene wayahe wus dalu | mila balane ura | akêkaring ana ingkang ngambil rumput | pangerane lagi prapta | saking ing wana pribadi ||

8. Hogêndhorêp munggèng ngarsa | mung pêpitu kanthine andhingini | waspada paningalipun | pangeran katon dharat | gya pinêstul kagyat langkung dènnya gugup | wit dèrèng sikêp gêgaman | kalithihan marang wuri ||

9. tan dangu tambur gumêrah | kukuk surak wadya môncanagari | Kumpêni ngêdrèl gumrudug | wadya môncanagara | amarapit mangilèn [ma...]

--- 130 ---

[...ngilèn] desa kinêpung | wadyabalane pangeran | nadhahi prang ting kulicir ||

10. kathah kang lajêng umpêtan | ingkang mangsah kajodhi angêmasi | balane pangeran sumyur | buyar pating salêbar | kang kabrasat palayune rêbut dhucung | nunjang palang tan angetang | jurang parang dèn ungsèni ||

11. para dyah arêbut paran | kuwur ing tyas mawur katawur ngisis | wus kapisah ênggènipun | mung nêdya ngungsi gêsang | ting jalêrit rarywa lit kawêlas ayun | pangeran arsa umangsah | punakawane bondhèti ||

12. pinêksa ngaturan oncat | lumaksana ing rêh enggal ngoncati | lumayu maksih binujung | ingêdrèl saking wuntat | mungsuh sirna baskara diwasa surup | saking pitulunging Suksma | marang darahing Matawis ||

13. prapta ingkang gara-gara | bayu bajra wor jawah riwis-riwis | gora rèh asindhung riwut | pêtêng dhêdhêt limêngan | dadya kewran kang bêbujung samya wangsul | akathah bandhanganira | kalih bêlah kang turanggi ||

14. sanjata waos akathah | wus makuwon wau sagunging baris | ana ing Papringan dhusun | samya andum jarahan | suka-suka dènira ajayèng pupuh | yèn sampuna surup surya | lawan jawah riwis-riwis ||

15. pangeran yakti kacandhak | nadyan manjing wana dèn osak-asik |

--- 131 ---

rèhning jawah angin dalu | sampun akarisakan | pan kinira tan bakit pulih tri taun | kabanjur brastha swuh sirna | kang dadya riwuking bumi ||

16. wau ta kang winursita | pangeran kang kasoran ing ngajurit | palajênge kang tut pungkur | Ki Rôngga Panambangan | nusup-nusup mêdhun jurang singub-singub | tan angetang pringga baya | nèng wana sigra kapanggih ||

17. Tumênggung Kudanawarsa | kanthi sutanira jalu satunggil | lan pangeran sêliripun | nama Mas Ajêng Matah | gendhong suta sapihan kêkasihipun | Dyan Ajêng Sombro mlas arsa | katisên anèng wanadri ||

18. rêreyongan lampahira | wong lanange kapat bocah tan luwih | karo bocah èstrinipun | dalu pêtêng tur jawah | marga lunyu dene tanggung jawahipun | laju dènira lêlampah | tan bakit nadhah lan guling ||

19. nuntên kang eyang kapanggya | anèng wana Dyan Ayu Sanawati | lan kêkalih rowangipun | langkung dènnya kasrakat | lampahira nilap-nilap jujur gunung | analasak wana pringga | wit ajrih kawruhan janmi ||

20. dadya angiras umpêtan | putra alit agunganggung. dènira nangis | saking tan kambêtan sêkul | amung pisang alasan | kang anama bacici kaluthuk sèwu | kang dadya rêm-arêmira | panangise rare alit ||

--- 132 ---

21. dene ta wonge kang tuwa | kang pinangan amung dhangkèling kunci | kalangkung kawêlas ayun | pangeran datan dhahar | sanès ari kathah abdinya kapranggul | dharat myang wahana kuda | ngumpul sawidak kang abdi ||

22. Tumênggung Kudanawarsa | alon matur tanggêl lampah puniki | mindhak kawadakèng mungsuh | dene prayoginira | luhung nilap angèla kaswarèng mungsuh | wadya ingkang kêkapalan | kinèn lumampah rumiyin ||

23. pun Tumênggung Surajaya | anunggila wadya môngka têtindhih | dene paduka pukulun | sami dharat kewala | bucal badan manawi wontên pitulung | angungsi rama paduka | Jêng Pangeran Mangkubumi ||

24. dadya rêmbag wus pinisah | ingkang dharat lawan ingkang turanggi | wontên Pakiringan dhusun | dènira pêpisahan | ingkang dharat kalih dasa cacahipun | pinisah malih ing lampah | kantun pitu mêgatruhi ||