Sastra Jawa

Program Digitalisasi Sastra Daerah

  • Increase font size
  • Default font size
  • Decrease font size

Babad Giyanti, Budi Utama, 1916-18, #982 (Jilid 1/2)

Katalog:Babad Giyanti, Budi Utama, 1916-18, #982
Sambung:
1.Babad Giyanti, Budi Utama, 1916-18, #982 (Jilid 1/1). Kisah, Cerita dan Kronikal | Babad Giyanti #1082.
2.Babad Giyanti, Budi Utama, 1916-18, #982 (Jilid 1/2). Kisah, Cerita dan Kronikal | Babad Giyanti #1083.
3.Babad Giyanti, Budi Utama, 1916-18, #982 (Jilid 2/1) . Kisah, Cerita dan Kronikal | Babad Giyanti #1084.
4.Babad Giyanti, Budi Utama, 1916-18, #982 (Jilid 2/2) . Kisah, Cerita dan Kronikal | Babad Giyanti #1085.
5.Babad Giyanti, Budi Utama, 1916-18, #982 (Jilid 3/1) . Kisah, Cerita dan Kronikal | Babad Giyanti #1086.
6.Babad Giyanti, Budi Utama, 1916-18, #982 (Jilid 3/2) . Kisah, Cerita dan Kronikal | Babad Giyanti #1087.
7.Babad Giyanti, Budi Utama, 1916-18, #982 (Jilid 4/1) . Kisah, Cerita dan Kronikal | Babad Giyanti #1088.
8.Babad Giyanti, Budi Utama, 1916-18, #982 (Jilid 4/2). Kisah, Cerita dan Kronikal | Babad Giyanti #1089.

18. Mêgatruh

1. wong kang tiga wêlas nalêsêp ing dhusun | ingkang gangsal atut wuri | pangeran lan patihipun | rôngga kapitu tan luwih | katiga rare kang wadon ||

2. sigra lajêng pangeran ing lampahipun | angidul ngetan lumaris | analasak ing wana gung | tan anut marganya lami | minggah dhusun jurang sigrong ||

3. kasêrakat kasangsaya lampahipun |

--- 133 ---

tan kêna panggih lan janmi | anilap anusup-nusup | yèn aso mêtêki sikil | lêsu lêsah kadi lempoh ||

4. agung dènnya anutuh sariranipun | kantêpe kapati-pati | êri curi tan kaetung | lampahe nungsang jêmpalik | amunggah tumurun anjog ||

5. gumlaring kang wana wasa kang kadulu | myang saliring kang kapyarsi | anênangi ing nalakung | kayatnan ruming wiryadi | ngonggo-onggo rèh kadudon ||

6. ingkang eyang wantuning wanudya sêpuh | Radyan Ayu Sanawati | ngaru-ara sambatipun | yèku eyang saking èstri | kawijilan dhusun Ngêndho ||

7. tan kawarna lamine dènnya lêlaku | dadya prapta anèng Lincip | inggih ing Pidêksa gunung | Sultan Dhandhun Martèngsari | nèng kono dènnya makuwon ||

8. pangran panggih lan kang paman Sultan Dhandhun | nanging rêmbage tan dadi | dadya mung sipêng sadalu | nulya pamit numpal kèli | anêdya ngungsi mangalor ||

9. mring kang paman ingkang watêkira puguh | Jêng Pangeran Mangkubumi | tur datan kakèhan rêmbug | nadyan akèh rêmbug pikir | nanging kang pêrlu linakon ||

10. seje lawan rêmbugira Sultan Dhandhun | orèhane ngiwir-iwir | kawismayane pinutus | mrantasi salir pakarti | têmahane amacethot ||

11. lampahira [la...]

--- 134 ---

[...mpahira] ngalèr ngetan jujur gunung | Pangeran Mangkunagari | tanah Sêmbuyan kapungkur | bumi Kaduwang wus prapti | lajêng anjujur mangalor ||

12. praptanipun anèng Ônggabayan dhusun | lèr Kaduwang lêrêsnèki | saking lamining lêlaku | katur senapati jurit | yèn pangeran namur bolos ||

13. tuwan mayor lan nindya mantri wus rêmbug | sigra dhawuhkên waradin | maring ing bêbêkêl dhusun | yèn wong liwat dudu warni | kinèn mikut lamun ngalor ||

14. yèku Pangran Mangkunagara anamur | kasrakat nêdya angungsi | suwita ing ramanipun | Jêng Pangeran Mangkubumi | parentahe tuwan mayor ||

15. sadhengaha wonge kang abangkit mikut | pan ginanjar dadya mantri | lawan reyal limang atus | marma wong padesan sami | wus samya angatos-atos ||

16. dupi ana wong liwat kang jalu pitu | nanging busanane bêcik | wus kinira lamun iku | Pangeran Mangkunagari | wong desa prasamya gêndhong ||

17. gêndhong barung titir kothèkan gumuruh | pangeran dèrèng andugi | nyana liyan pêrlunipun | wong padesan gènya titir | titir wuwuh kadi lampor ||

18. sarwi alok payo-payo nyata iku | Pangeran Mangkunagari | tômpa reyal limang atus | yèn bangkit mikut wong iki | ingkang [ing...]

--- 135 ---

[...kang] lêlaku mangalor ||

19. duk miyarsa kèndêl dènira lêlaku | Pangeran Mangkunagari | wus anêdya de rah lampus | sigra angisèni bêdhil | wong padesan asru alok ||

20. saya brubul wong prapta mijil sing dhusun | kadya sêsulung anggili | sikêp pêdhang towok wadung | pênthung garanggang myang linggis | ana ingkang gawa bronjong ||

21. ana waos canggah ganthol gantar tangsul | panèkêt kang anindhihi | bêkêl panglawe nèng ngayun | alok payo dèn abêcik | kêpungên aja marojol ||

22. abdinipun pangeran pating palinguk | rupêk pandulune sami | lir sakarat ciptanipun | dene kinêpung wong bumi | tumbak canggah wus mirantos ||

23. dupi parêk pêksane age anubruk | pangeran nulya ambêdhil | wong desa buyar sumawur | dadya tan wani mrêpêki | mung kinêpung saking adoh ||

24. wus dilalah karsane Hyang Maha Luhur | kalamun darah Matawis | kang durung tumibèng khukhum | datan kêni ginagampil | marang sapadhane kang wong ||

25. nulya prapta gara-gara sindhung riwut | mêsês bajra angin-angin | gora rèh riris atêdhuh | gêtêr dhèdhèt erawati | sagung wong desa dharodhog ||

26. dadya samya manjing padesan kang bujung | Pangeran Mangkunagari |

--- 136 ---

jawah angin alêlaku | kang ngêpung katungkul sami | ingkang lumaris wus adoh ||

27. praptèng dhusun Matesihan ing Daruju | sêlir myang kang eyang nuli | tinitipkên tiyang dhusun | Rôngga Nambangan turnya ris | prayogine kang linakon ||

28. jêng pangeran ingaturan minggah gunung | dhepok Samakaton panggih | ing ajar minta pituduh | ing lampah kang mrih basuki | pandhitane samya miyos ||

19. Mijil

1. sang pandhita kalih kakang adhi | Adisana anom | Adirasa prênah kakangane | manuhara samya ngacarani | praptane sang pêkik | maring wismanipun ||

2. sinugata sakadare langip | tumrap wong dhêdhepok | wusnya rêrêm pangeran galihe | awêwarti lêlakoning nguni | miwiti mêngkasi | ginancar sadarum ||

3. marma mangke pangran praptèng wukir | dening sru wirangrong | minta têdah ingkang amrih sae | aprasêtya sêdya amastuti | barang rèh sang yogi | tan suwalèng kayun ||

4. sang pandhita kalih sampun dugi | karsaning sang anom | matur aris dêkung ing wuwuse | dhuh wong agung kang dahat kaswasih | ywa êru ing galih | pun kaki sung tutur ||

5. milanipun paduka imangkining mangkin. | aprang têmah rêmpon | karisakan sawadyabalane | wit paduka

--- 137 ---

ujubriya kibir | ambêk gêdhag-gêdhig | adigung gumunggung ||

6. mung ngandêlkên wêgiging pambudi | dibyaning palugon | sarwa cukup cakêp isarate | aji jaya-jaya wijayanti | môndraguna sêkti | prawira dibyanung ||

7. supe lamun sor ungguling jurit | kagungan Hyang Manon | drênging karsa kerut ing ardane | madêg nata tan winawas budi | Jêng Susunan Adi | Prakosa jêjuluk ||

8. kang makatên liwat saking sisip | sisiping lêlakon | awit wahyu nurbuwat yêktine | botên kenging ginayuh lan gampil | saking gêdhag-gêdhig | jayaning prang kasub ||

9. pintên kuwate wong gêdhag-gêdhig | têmah manggih asor | sampun nelad ing lêlampahane | rama tuwan kang umadêg aji | nèng Sêmbuyan wukir | juluk Sultan Dhandhun ||

10. dèrèng môngsa ngêgungkên kamuktin | angèsthi pra sinom | pitung dasa cacahe garwane | tur mantrine mung salawe iji | datan wrin ing jati | mung ambêk gumunggung ||

11. tuwas-tiwas wèh wisaning dhiri | dadine kadudon | dèn gêguyu dening sêsamane | marma anggèr dèn awas dèn eling | yèn titahing Widhi | apês ênggènipun ||

12. anelada ing rèh kang arjanti | utamèng lêlakon | kadi eyang paduka wiyose | pan wong agung sêsotyaning tumibumi. [tu...]

--- 138 ---

[...mi] | ingkang ambawani | rat Jawa sawêgung ||

13. Kangjêng Panêmbahan Senapati | duk ing tyas migatos | amêmayu mangayuh wahyune | datan pêgat dènnya manguntèki | amawas ing dhiri | kulinèng asamun ||

14. mêlêng mindêng gumolong mring jati | jatine Hyang Manon | kinunjara barang rèh ardane | amrih miyat ingkang miyatani | sampurnaning dhiri | putusing pangawruh ||

15. nulya wontên sasmitaning Widhi | kang akarya gawok | warni lintang prapta ing ngarsane | awêwarti wus katrimèng Widhi | kinon madêg aji | amêngku kaprabun ||

16. suprandene lumuh ing wiryadi | madêg nara katong | nadyan silih wus kathah wadyane | maksih adrêng pamêsuning budi | budi kang mumpuni | ing jagad sawêgung ||

17. sruning brata kataman sayêkti | wahyu kang kinaot | tri bawana wus kawêngku kabèh | amêngkoni ngalam sahir kabir | roroning atunggil | lan jatining ênur ||

18. dadya sampat-sampêt ing pakarti | barang rèh lêlakon | tatas rantas kentas rêruwêde | mungsuh jroning badan wus kajodhi | lir Hyang Wisnu Murti | wirotamèng kewuh ||

19. jaya-jaya jayaning ngajurit | putus rèh palugon | wusnya wêning narawang anane | lagya karsa ngadoni ing jurit | munah satru sêkti | utamane [u...]

--- 139 ---

[...tamane] kasub ||

20. têtêp dadya kalêngkaning bumi | musthika kinaot | ambawani rat Jawa sakèhe | trah tumêrah prapta ing samangkin | mirut sining bumi | srah jiwa sumuyut ||

21. dene tuladan ing jaman mangkin | kang kenging rinaos | rama tuwan ingkang amandhirèng | baris wontên tanah Sukawati | Pangran Mangkubumi | ing pambêkanipun ||

22. kang tinulad lan linuri-luri | lair praptèng batos | kadi nguni ing lêlampahane | eyang tuwan Kangjêng Senapati | karêm mawas dhiri | mrih sampurnèng kawruh ||

23. kawruh marang wêkasing dumadi | dadine lêlakon | datan samar purwa wasanane | saking dahat waskithaning galih | yèku ing aurip | ran manusa punjul ||

24. marma nadyan balane wus dadi | tan kewran ing pupoh | ngirup tanah môncanagarane | suprandene tan yun madêg aji | wit sampun udani | dèrèng mangsanipun ||

25. mangke anggèr kalamun suwawi | inggih sampun ngantos | karêm ngèlmi têguh sêsamine | kadigdayan nuragan kasêktin | awit ngèlmi lair | angêkèhkên dudu ||

26. anggèr karêma têtèki dhingin | nêgês karsèng Manon | dèn atêtêp mantêp ing idhêpe | idhêp maring Hyang Kang Murbèng Bumi | supayane dadi | dadi wêkasipun ||

--- 140 ---

27. wêkasane wong tinitah urip | dèn kongsi praptèng don | lamun têmên anunggal jatine | pan tinêmu barang kang kinapti | waskitha ing gaip | tan samar atêrus ||

28. têrus karakêt mring tingal jati | jatining pangawroh | mrih sampurna anunggal anane | yèn wus nunggal dèn maksih kêkalih | kêkalihe Gusti | lan kawulanipun ||

29. laku lair lawan laku batin | yèn sampun gumolong | janma guna utama arane | dene sampun amêngku mêngkoni | kang cinipta dadi | kang sinêdya rawuh ||

30. nadyan silih prang ngidêri bumi | mungsuhira ewon | lamun anggèr mantêp ing idhêpe | pasrah kumandêl marang Hyang Widhi | gaman samya ngisis | dadya têguh timbul ||

31. wit manusa mung darma nglampahi | ing karsa Hyang Manon | apês unggul yêkti wus darbèke | sampun susah yèn tinitah alit | sukura ing Widhi | yèn tinitah luhur ||

32. dèn prayitna bekaning dumadi | kang murungkên lakon | badhe luhur kathah rêncanane | patukone wibawa wiryadi | amung lara pati | dèn mantêp dèn emut ||

33. ginulanga dimène lêstari | lêstarine manggon | dadya lantih wanuh ing têgêse | nanging pun kaki kêdah mêmêling | ing paningal mami | kang kênèng rinuruh ||

--- 141 ---

34. rama paduka ing Sukawati | wahyune wus nlorong | yêkti bangkit têmbe mulyakake | mring paduka wibawa bawani | ywa liyan pangungsi | ing ramanta wau ||

35. mangke anggèr sarèha kariyin | minta sihing Manon | manggèn sêpi masuh sarirane | ambêktaa abdi sawatawis | nèng anggraning wukir | nama rêdi Bangun ||

36. imbang kilèn Lawu ingkang wukir | risang prawira nom | tan suwala sabarang êrèhe | piwulange Ki Ajar kêkalih | mung nêdya mastuti | anut amiturut ||

37. pangran nulya amit minggah wukir | kang dhèrèk mung loro | KyiKi. Ngabèi Rôngga Nambangane | lan Kudanawarsa Kyai Patih | sapraptaning nginggil | pucake winuwus ||

38. wiyar kalih dhêpa datan luwih | abdi kalih gupoh | angumpulkên godhong saanane | pan tinata-tata rinarakit | kadi payon wêlit | kinarya yup-eyup ||

39. pangran agung amuja sêmadi | ngêningkên tyas golong | anirnakkên ing pôncadriyane | mêlêng mindêng mring kahanan jati | tilar dhahar guling | ing sêsampunipun ||

40. laminipun watara tri sasi | ana parmèng Manon | tabuh tiga ratri ing wancine | samirana sumilir angidid | pangran antuk wangsit | gaibing Hyang Agung ||

41. tan sinungan wahyuning narpati |

--- 142 ---

amêngku kaprabon | nging bawani agung kawiryane | dadya tunggul sagunging prajurit | marma dèn sinungi | bandera myang tambur ||

42. manggèn pragak ing uwit kêsambi | ing imbang kang kulon | pangran nulya mêdhar sêmadine | asung warta mring abdi kêkalih | nulya dèn ulati | manggèning kang tambur ||

43. kapanggih nèng pragak kayu sambi | pangran ngambil alon | angandika mring abdi kalihe | Danawarsa Rôngga tambur iki | iya sun arani | KyiKi. Slamêt ranipun ||

44. banderane Kyai Dhudha nami | lan wus karsèng Manon | gunung Bangun angalih namane | gunung Adêg pan ing têmbe wuri | dadi kubur mami | putra wayah ingsun ||

45. abdi kalih samya anêksèni | risang prawira nom | gya tumêdhak sing ardi pucake | tambur ingampil Kyai Ngabèi | Danawarsa ngampil | kang bandera wau ||

46. lampah alon dening marga sungil | sapraptaning dhepok | asajarwa mring Ajar kalihe | sasmitaning Hyang ingkang pinanggih | sajroning sêmadi | tinutur ginalur ||

47. langkung suka sang ajar kêkalih | risang prawira nom | sinugata dhahar saabdine | sakadare ajar anèng wukir | wusnya lêrêm sami | kasmaraning laku ||

20. Asmaradana

1. pangeran anabda aris | maring Sang

--- 143 ---

Ajar kalihnya | kalamun sampun rumojong | pangeran arsa tumêdhak | anut tuduhing Ajar | bandera kalawan tambur | dèn titipkên padhepokan ||

2. Ajar kalih wus jurungi | pangeran sigra tumêdhak | akanthi nênêm abdine | kunêng malih kawuwusa | kadi sarênging lampah | ananging gênti cinatur | kang anèng Burêng barisan ||

3. wau ta mayor kêkalih | sampun eca manahira | dene wus sirna mungsuhe | nadyan tan praptèng antaka | kêna ingaran sirna | uripe prasasat lampus | nora bisa lamun arsa ||

4. angadêga baris malih | amung singidan kewala | lawan sagarwa putrane | tarub kabèh wong padesan | amung pangran satunggal | Mangkudiningrat kang juluk | arine Pamot Pangeran ||

5. sabên baris datan têbih | lawan barise kang raka | sapraptane tuwan mayor | dèrèng katon magut yuda | ing wartane wus nyata | Pringgalaya kalanipun | bêdhah Gubugangin desa ||

6. pangeran lumayu dhêlik | bala bubar ting salêbar | umpêtan nèng wana bae | ajrih kapanggih ing janma | dadya matah parentah | tuwan mayor kalihipun | wadya kang badhe tinilar ||

7. sagung pêpacêkan mantri | kang kinèn baris pêpanthan | myang

--- 144 ---

baris Panambangane | dèn êlih marang ing taman | drahgundêr kawan dasa | dene ta têtindhihipun | Alpèrèswati kang nama ||

8. karsaning mayor kêkalih | Alpèrèswati ingangkat | dadya litnan ing lungguhe | dene Senapati Jawa | angrèh Mantri Pacêkan | Jayawikrama Tumênggung | lan Dêmang Surakartika ||

9. kang baris ing kali Kuning | senapatining Walônda | Alpèrès Kèbêr namane | uga wus ingangkat litnan | wadya kang tinindhihan | mung drahgundêr patang puluh | dene Senapati Jawa ||

10. Dyan Tumênggung Rajaniti | kang angrèh Mantri Pacêkan | lan Numbakanyar Kaliwon | Angabèi Cakrajaya | tarub sagung arahan | sakathahe baris wau | mung kidul kang mawi Wlônda ||

11. ing Kamalon kang abaris | senapatining ayuda | mung sajuga bupatine | Dyan Tumênggung Naladirja | Ngabèi Jasambôdra | lurah Mantri Tuwaburu | lan para Mantri Pacêkan ||

12. dene kang têngga Matawis | Tumênggung Jayawinata | lan Wôngsayuda kanthine | baris nèng tilas kadhatyan | kabèh bumi Mataram | ingkang wolu likur èwu | arahane nèng jro kutha ||

13. kang wetan winuwus malih | para mantri Pêpacêkan | wetan Ngutêr sapangalèr | narithik baris arahan | senapatining [se...]

--- 145 ---

[...napatining] yuda | kilèn Matesih gènipun | Tumênggung Yudanagara ||

14. ing Banyumas lan Ngabèi | Môndaraka kanthinira | wus warata desa kabèh | dene tanah ing Kaduwang | Dipati Panaraga | ingkang rumêksa ing kewuh | lan jampangi ing Sêmbuyan ||

15. wus gêlêng golong kang pikir | mayor bubarakên wadya | gumêrah swaraning kang wong | Adipati Panaraga | sampun kinèn mantuka | gusis datan ana kantun | kang baris Burêng sadaya ||

16. wau ta mayor kêkalih | amangilèn lampahira | mariksa sakèh barise | laju dhatêng ing Mataram | panggih lan Jawinata | atilar parentah sampun | tigang dalu nèng Mataram ||

17. budhal wangsul ngetan malih | tuwan mayor kalihira | Tênangkus lawan Hondhorop | sampun santosa tyasira | mulat sagung barisan | lan wus têrang wartinipun | ngilange para pangeran ||

18. kèndêl baris kali Kuning | tuwan mayor sakalihan | Litnan Sakèbêr pondhoke | dalu samya pirêmbagan | Rajaniti ingundang | wus sinungan reyal satus | bêbisik gènya wacana ||

19. kinon pados sirah kalih | kang anom bagus ing warna | sarta kang tatah untune | Rajaniti atêtanya | tuwan karya punapa | nauri Hondhorêp Mayur | lah

--- 146 ---

ta dèn mèndêl kewala ||

20. Dyan Tumênggung Rajaniti | samana sampun anduga | yèn ana gêlar badhene | sarwi mèsêm saurira | tuwan puniki kirang | êndhas loro reyal satus | êndhase kere kewala ||

21. mayor gumujêng ngulungi | wêwahipun satus reyal | Rajaniti mêdal age | sapraptanira ing jaba | bisiki patihira | nuju wontên magangipun | magang Kalang Pamajêgan ||

22. warnanira langkung pêkik | pinatèn sampun tinigas | ngupaya ing satunggale | patih samana umiyat | sutane Rôndha Bayat | akêcokan sêmunipun | anak Radèn ing Têmbayat ||

23. anom warnane apêkik | pinatèn sampun tinigas | anèng jawi pondhokane | tan ana wong kang uninga | kuwônda kalih pisan | pinêtak ing Kaliwanglu | têbih saking pabarisan ||

24. sigra binêkta umanjing | pondhok ing satêngah rolas | duk mulat Tuwan Hondhorop | pêkik-pêkik ingkang sirah | dahat sukaning driya | anulya cinampur barus | dinalit langkung prayoga ||

25. wadhahe tong alit kalih | sami cinirènan sastra | kang satunggal Pangran Pamot | tinukup prang nèng Katongan | dene satunggalira | Mangkunagara

--- 147 ---

kapupu | aprang anèng ing Papringan ||

26. Pangran Pamot duk kajodhi | tinukup anèng Katongan | dening Hogêndhorêp dhewe | Pangeran Mangkunagara | prang rina nèng Papringan | Hogêndhorêp lan Tênangkus | kang samya ngawaki yuda ||

27. ing ratri Sakèbêr nuding | sareyan kinèn ngatêrna | kalih wêlas drahgundêre | Pacêkan Mantri sakawan | turôngga tigang dasa | bêkta êtong mangkat sampun | kanthi sêrat mring Samarang ||

28. praptane Samarang nagri | linajêngakên kewala | surate mayor kalihe | mring Batawi katur jendral | pustaka wus kadriya | dahat suka rênanipun | jêng tuwan gurnadur jendral ||

29. duk samana anyarêngi | Bupati nagri Samarang | milênggahkên prakawise | atur sêrat maring jendral | nêbut botên narima | sêrat tinupiksa sampun | mring radpêni ing Indiya ||

30. mangkana raosing tulis | tur uning kala Pangeran | Mangkubumi sabalane | ambêdhah nagari Dêmak | dyan rôngga atur wikan | nêdhaki tuwan kumêndur | praptane nagari Dêmak ||

31. pangran mingsêr dèrèng têbih | kumêndur anêrêng duka | kurang titipariksane | ingaran ature dora | dyan rôngga ginêbugan | tuwan kumêndur gya wangsul | dhatêng nagari Samarang ||

32. môngka Pangran [Pa...]

--- 148 ---

[...ngran] Mangkubumi | mung mingsêr nèng Godhong desa | wong Kumpêni sakantune | anglanggar prang têtumpêsan | sawusira kadhadha | dening radpêni sadarum | sêrat ature dyan rôngga ||

33. rêmbage para idêlir | rad Kumpêni ing India | mastani lêrês ature | Dyan Rôngga Tisnawijaya | kumêndur tuhu nasar | kang mangkono datan arus | dadya pramodaning praja ||

34. ing sajroning nuswa Jawi | wiwit ing jaman Mataram | durung ana pawartane | punggawa katiban gêbag | liya mantri kabayan | buwang tejaning praja gung | wong agung prentah anasar ||

35. karya apêsing ajurit | tangèh yèn bakit unggula | mangkana kumpul rêmbage | rad Kumpêni ing Indiya | Kumêndur ing Samarang | Twan Teling kêdah ingundur | saking kalênggahanira ||

36. dene kang kinarya ganti | Mayor Hondhorêp prayoga | awit wus kathah labête | mring Kumpêni ing Indiya | miwah mring kraton Jawa | sri narendra asih tuhu | kawong kumpul lan wong Jawa ||

37. Gurnadur Jendral Batawi | wus karya surat parentah | nimbali mayor kalihe | myang Kumêndur ing Samarang | wus mêsat kang dinuta | mring Samarang jujugipun | mangsuli kang winursita ||

38. wau tuwan mayor kalih | sawusnya mriksa barisan |

--- 149 ---

ing kilèn laju mangalèr | kapanggih mantri wisesa | Dipati Pringgalaya | rêmbag bibarkên wadya gung | mayor laju mring Cangakan ||

39. prapta sajawining baris | Tumênggung Yudanagara | gurawalan pamêthuke | sawusira anjum asta | lajêng atata lênggah | Tuwan Hogêndhorêp muwus | kang kidul mungsuh wus sirna ||

40. amung kantun Sukawati | kang anglurug kasulayah | Yudanagara saure | Inggih tuwan kadiparan | kula prihatin dahat | kinêpung ing sabên dalu | rina tan bakit sêsaba ||

41. mayor awacana aris | sudara para bupatya | inggih sakantun-kantune | kula ngalèrkên sadaya | nanging ta pintên bara | sagêd kesah raganingsun | saking nagri Surakarta ||

42. bokmanawi kula bakit | tumut-tumuta angrêmbag | prakawis mêngsah kang êlèr | yèn maksih nèng Surakarta | nadyan sampun uninga | botên tunggak milu-milu | mênèk milu kaluputan ||

43. Yudanagara nauri | inggih tuwan kadiparan | punapa wontên bedane | aranipun sami mêngsah | lawan sami santana | Tuwan Hogêndhorêp Mayur | nauri dhuh saudara ||

44. pasthi beda Mangkubumi | sakawit dèn kaniaya | ing Sukawati lênggahe | ing ngajêng rinêbut ing prang | bêbeya wutahing rah | nuntên kalakon rinêbut | dadya [da...]

--- 150 ---

[...dya] ganjaraning raja ||

45. sadèrènge Sukawati | kenging pinukul pangeran | wrata rinayudan kabèh | inggih dhatêng Martapura | pra bupati tan lawan | wong Jipang lan wong Madiun | Balora myang Jagaraga ||

46. ting paringis anjaginggis | dèn abên lan Martapura | botên wani sami mopo | sakèh wong môncanagara | dèn abên tan kaduga | Martapura prang calimut | ajuwêt tan ngangge môngsa ||

47. kongsi kangjêng sri bupati | dahat kawêkèn ing driya | gya dhawuhkên timbalane | sintên berat Martapura | ginanjar Sukawatya | pangeran ngawaki pupuh | sagêd amungkasi karya ||

48. puniku mênggah Kumpêni | praptane turun limalas | botên liyan kang aduwe | lan malih kangjêng pangeran | tuhu kalêngkaningrat | sinatriya sudibya nung | môngka lajêring nagara ||

49. apa ratu kurang bumi | upami dèn lironana | nadyan kathaha kang darbe | kang darbe samya wong ala | dados abahan apa | Pangran Mangkubumi wau | duk maksih anèng nagara ||

50. dadya senapati jurit | sami enak wong sapraja | yèn nglurug urunan bae | sabên-sabên pra bupatya | mung panèwu nyatungal | pangran lima mêngsahipun | samya kasêsêr ing yuda ||

51. suprandene tiyang Jawi | kolu akarya piala |

--- 151 ---

wong bêcik dèn rubuhake | sayêkti puniku benjang | antuk pitulunging Hyang | nambungi Mayor Tênangkus | wong Jawa tanpa kanthia ||

21. Kinanthi

1. dhuh sudara dyan tumênggung | sabên jinis yêkti kanthi | darma tataning agama | mung wong Jawa tan praduli | dhatêng ing agamanira | marma apês ing ngajurit ||

2. katôndha pratandhanipun | arsa numpês mring Kumpêni | agamane datan kêna | wong abêcik dèn alani | parandene tan kasoran | mungsuh jitus wong Kumpêni ||

3. nêtêpi agamanipun | yêktine yèn barêkati | kathah bèntêning agama | nanging awon lan prayogi | sakèhe titahing suksma | sayêkti sami ngênggèni ||

4. manthuk-manthuk Dyan Tumênggung | Yudanagara sarywa ngling | gih lêrês puniku tuwan | mangkana wus kalih ratri | mayor anèng Pacangakan | laju maring Sukawati ||

5. wontên kuda pitung atus | kang ngiring mayor kêkalih | nanging wong Jawa kewala | sakêdhik bala Kumpêni | mung drahgundêr kalih wêlas | prapta wus surup Hyang Rawi ||

6. mayor kalih panggih sampun | lawan sang anindya Mantri | Sindurja myang pra bupatya | rêmbagipun sampun dadi | bubar wangsul maring praja | Kapitan Kop lan apatih ||

7. ingkang tinanggênah kantun | mung kalih atus Kumpêni |

--- 152 ---

senopatining ayuda | Litnan Balangkêr ing mangkin | jinunjung pangkat kapitan | dene wadyabala Jawi ||

8. bupati cacah sapuluh | ingkang dadya senapati | Tumênggung Kartanagara | Bupati Gêdhe lan malih | Tumênggung Mlayakusuma | Bupati Jawi Panumping ||

9. amalih barisanipun | Mlayakusuma akanthi | satus kang bala Walônda | lawan wong Makasar Bugis | tindhih Balangkêr Kapitan | sakawan ingkang bupati ||

10. wontên sèkêt mantrinipun | tigang èwu gunging baris | manggèn nèng dhusun Sumêngka | ingkang anèng Gêbang kèri | Tumênggung Kartanagara | senapatining ajurit ||

11. lawan wong Kumpêni satus | wus kalêbu Bugis Bali | Litnan Bal têtindhihira | sakawan kang pra bupati | mantri sèkêt winatara | tigang èwu gunging baris ||

12. wong desa tan ana nungkul | tan ngangge Pacêkan Mantri | dadya lêlugu kewala | sami wongira pribadi | malah sabarang pinangan | sangune saking nagari ||

13. ing Gêbang Sumêngka sampun | tata rakit ingkang baris | mayor kalih sigra budhal | Kapitan Kop lan Dipati | Sindurêja saha bala | ing marga datan winarni ||

14. ing Surakarta wus rawuh | wong agung kang andon jurit | gumrah swarèng wadyakuswa | sasi Sapar kaping kalih | taun [tau...]

--- 153 ---

[...n] Be sangkalanira | Pêksa Wiku Bah ing Bumi ||§ 1672 = Tahun Walandi: 1747 [Sengkalan:pêksa wiku bah ing bumi ( 2 Sapar 1672 A.J., 14 Februari 1747 A.D.)].

15. sami malêbèng kadhatun | sagung wong agung kang prapti | sowan ing jêng sri narendra | anjum asta mayor kalih | tanapi êkop Kapitan | wus tata samya alinggih ||

16. nindya mantri nguswa suku | lan sagung para bupati | sang nata andangu warta | gènira amangun jurit | de kongsi satêngah warsa | Hogêndhorêp atur warti ||

17. ginalur sasolahipun | miwiti malah mêkasi | mayor malih aturira | pukulun jêng sri bupati | mêngsah prasamya umpêtan | sayah gèn amba ngulari ||

18. tyang padesan sampun tarub | sami tumut pacak baris | wus radin tilasing mêngsah | sirnane datanpa warti | pun Dipati Panaraga | sakancane tan sumiwi ||

19. amargi kawula tuduh | rumêksa Kaduwang nagri | manawi mêngsah Sêmbuyan | wontên ingkang madêg malih | sayêkti lajêng ginêcak | dhatêng pun bapak bupati ||

20. nulya Kapitan Kop matur | pukulun jêng sang siniwi | amba ingkang nandhang tiwas | tan antuk têlukan siji | ing sabên dalu kinêpang | yèn rintên dèn kalèncèri ||

21. pangeran tan purun mêthuk | amilalu mring pasisir | aprang lawan pun Mayor Has | anèng ing Dêmak nagari | Mayor

--- 154 ---

Has sawadyabala | Kumpêni atumpês tapis ||

22. ing Sukawati pukulun | barduwak agung ngêmasi | wusnya têlas aturira | pra sami tinundhung mijil | praptèng loji tinututan | dhaharan saking jro puri ||

23. tan cinatur laminipun | praptane mayor kêkalih | nulya wontên sêrat prapta | saking Kumêndur Samawis | nimbali mayor kalihnya | têrang saking ing Batawi ||

24. tuwan mayor kalihipun | sigra sowan sri bupati | tur uning yèn tampi sêrat | tinimbalan mring Batawi | lamun kangjêng sri narendra | sampun kaparêng ing galih ||

25. Tênangkus Gêndhorêp Mayur | arsa umangkat tumuli | Hogêndhorêp matur nyêlak | pukulun jêng sri bupati | amba tur uningèng tuwan | nanging taksih nama wadi ||

26. inggih manawi panuju | kesah kawula ing mangkin | lajêng wisma nèng Samarang | pangangkah ulun wus lami | mung pangèstu jêng paduka | sri narendra ngandika ris ||

27. adhi sun paring pangèstu | yêkti katêkan sakapti | wit sabên sun kirim layang | marang sagunging radpêni | tanapi gurnadur jendral | sira nora tau kari ||

28. kamot ing nawalaningsun | anaa undhakmu maning | de sira sêtya rumêksa | marang panjênêngan mami | Hogêndhorêp sarikutan | ngusapi waspa drês mijil ||

--- 155 ---

29. kathah karaos tyasipun | gênging sih kadarman aji | mayor tabe amit mêdal | sapraptanira ing Jawi | risang kalih mantrimuka | wus dangu nganti nèng loji ||

30. praptane Mayor Tênangkus | tabeyan lan patih kalih | sarwi mojar dhuh sudara | Pringgalaya Adipati | tuwin Dipati Sindurja | benjang ing sapungkur mami ||

31. kadi landhung ruwêtipun | talatahing nuswa Jawi | sudara kalih kang karya | ruwêt rêntêng ingkang bumi | andhêku ulate pucat | risang kalih nindya mantri ||

32. langkung kumêpyur tyasipun | sigra anauri ririh | lah kadi punapa tuwan | kula sami tiyang alit | Tênangkus andik kang netya | mung gèdhèg datan nauri ||

33. ing batin Gêndhorêp Mayur | dahat sukane miyarsi | muwus dhawak tan kawêdal | ewuh rèhning kônca lami | mangkya Tênangkus angucap | amingkisakên wêwadi ||

34. Gêndhorêp nambungi wuwus | dhuh sudara dyan dipati | aluwung sami kondura | enjing wangsula mariki | wusnya tabe amit mêdal | sang adipati kêkalih ||

35. Pringgalaya alon muwus | suwawi paman dipati | rêmbagan nèng wisma kula | pun Tênangkus dènira ngling | yêkti tan ngecani manah | Sindurêja anuruti ||

36. sapraptaning wisma laju | marang pakêbonan wuri | punakawane ginusah |

--- 156 ---

mung kantun patih kêkalih | rêmbuge Sang Adipatya | Pringgalaya animbali ||

37. Saradipa kinèn ngêjum | mring mayor mrih sirnèng runtik | Sindurja anut kewala | sigra utusan nimbali | Saradipa wusnya prapta | pinulut lawan pêparing ||

38. dhinawuhan pêrlunipun | kinon maripih kang ririh | mamrih pakolih dèn kêna | lilih lêjar ing panggalih | ywa kongsi kadawa-dawa | Tênangkus dènira runtik ||

39. patih asung reyal nyèwu | Saradipa wus nampèni | lèngsèr sing ngarsa dipatya | laju tumamèng jro loji | mayor kalih nuju lênggah | Saradipa matur aris ||

40. punika reyal rong èwu | saking ing pêpatih kalih | bêktine katur ing tuwan | môngka panêbasing runtik | Mayor Tênangkus miyarsa | kumêjot padoning lathi ||

41. sru bêngis pangucapipun | akale wong apa iki | sêdyane darung andadra | lupute tinêbus picis | tobat niyat marènana | mung nêdya ginawa mati ||

42. hèh Saradipa wong iku | patih apa sira rani | matur môngsa borong tuwan | kula tan sagêd mastani | Tênangkus malih lingira | iku pêpatih trayoli ||

43. awit dene lakuningsun | jênêngi sarta ngawaki | yuda anirnakkên mêngsah | Hogêndhorêp kang darbèni | bubuhan umagut yuda |

--- 157 ---

dene ta mungsuh kang lami ||

44. kang kacatur kang kadhapur | sakabèhe sirna ênting | datan amôngga puliha | Hogêndhorêp lawan mami | kang amapas dadya kentas | tatas rantas rontang-ranting ||

45. mêmungsuh susulan iku | Jêng Pangeran Mangkubumi | panggawene Pringgalaya | ingkang ambôndakalani | nora nganggo bobot timbang | wong angakal ngukil-ukil ||

46. dadi tan ana wisipun | talêtuh ing nuswa Jawi | saanane Pringgalaya | lamun ora mêmarèni | iki reyale balèkna | nora ngupa-upa mami ||

47. prapta tanah Jawa ingsun | pinarcayan magut jurit | mungsuh kang pinêlêng sirna | dene mungsuh kari siji | tan wurung abot sinôngga | kang nglurug pasthi jêginggis ||

48. hèh Saradipa sirèku | dèn kêbat gonira bali | nadyan ratri lumakua | sun tan sotah reyal iki | iya dudu reyal lanang | reyal tan arus tur nisthip ||

49. dudu jarahaning mungsuh | dudu panganing prajurit | iki pangane pra setan | Ki Saradipa nulya mit | mêdal praptèng Pringgalayan | wus panggih pêpatih kalih ||

50. matur reyal sinung wangsul | kang kinarya nyirêp runtik | samya jêtung duk miyarsa | Ki Saradipa tiniti | paran baya wuwusira | Tênangkus duk sira prapti ||

51. Saradipa aturipun |

--- 158 ---

makatên mayor dènnya ngling | apa wong Jawa tan wikan | pasêmon wong siji-siji | boting abot bobot agal | nora wruh Gambuh ing jurit ||

22. Gambuh

1. kuwur pating galuyur | ing pamikir mamak ngawur-awur | yèn Kumpêni Pangeran Amangkubumi | nyawahana pitung èwu | salêksa sanadyan wuwoh ||

2. yêktine luwih patut | môngka sawahe mung têlung èwu | têka nora wong Jawa bisa ngalingi | duk dinangu mring gurnadur | tutur galur mrih dèn êlong ||

3. pangeran iku besuk | iya lamun wurung dadi ratu | yêkti dadi prajurit punjul ing bumi | pamunahing satru mungsuh | nglêlanangi ing palugon ||

4. sathithik lagi thukul | gone ngudang kadang sang aprabu | winurungkên saka akale si drêngki | jail muthakil dêlarung | toging ngêndon ora jegos ||

5. mung melik kang kaetung | kalong sathithik bae kaduwung | nora wurung yèn kalongan akèh benjing | wong karyewuh nêmu ewuh | wong karya sor nêmu asor ||

6. makatên wuwusipun | nguwus-uwuse Mayor Tênangkus | saking tiwas paduka ingaran jail | wasananing rèh tan wêruh | pikir ngawur tan binobot ||

7. dipati kalih jêtung | dhêlêg-dhêlêg duk ngrungu pitutur | wusnya têlas [tê...]

--- 159 ---

[...las] ture Saradipa amit | nindya mantri kalihipun | anutuh kang wus linakon ||

8. ing dalu tan winuwus | enjangira Twan Mayor Tênangkus | lawan Hogêndhorêp bidhal saking nagri | ingatêr juga Tumênggung | mring Samarang bupati jro ||

9. kaparak keringipun | Nitinagara Radyan Tumênggung | sarèhira jajar panèwu myang mantri | patih kalih ngatêr laku | nging wangsul Ngampèl kemawon ||

10. prapta Samarang sampun | panggih kumêndur anulya banjur | mring Batawi lan Kumêndur ing Samawis | datan kawarna ing laut | ing Batawi sampun rawoh ||

11. marêk ngarsèng rad agung | dhinawuhkên karsane gurnadur | wus mupakat sagunging para radpêni | yèn dadi Amral Tênangkus | dadya Kumêndur Hondhorop ||

12. nèng Samarang pilungguh | dene Kumêndur Tèling ingundur | kang gumantya Mayor Surakarta nagri | Hogêndhorêp ingkang lungguh | Petor Juwana kang kinon ||

13. Gêndhorêp wus tinundhung | sarta sinung srat katur sang prabu | tur uninga Hogêndhorêp nèng Samawis | Surakarta gêntosipun | ing Juwana Tuwan Petor ||

14. wus umangkat kumêndur | saking Batawi lumakyèng laut | duk samana ing Samarang sampun prapti | mêmatah parentahipun | marang kang gumantya Mayor ||

--- 160 ---

15. Petor umangkat gupuh | saking Samarang kang ngatêr dlanggung | Dyan Tumênggung Nitinagara samantri | praptèng Surakarta sampun | lajêng tumamèng kadhaton ||

16. wus sowan jêng sang prabu | Petor Juwana ngaturkên gupuh | surat saking jêng gurnadur ing Batawi | kadhadha suraosipun | Petor têtêp dadya mayor ||

17. mayor gya amit mêtu | lagya pitung ari praptanipun | sakit boyok dèrèng nindakakên kardi | pêndhak Sênèn mêndhanipun | bangkit manggihi dhêdhayoh ||

18. nulya kaêlut murus | sabên ari tan pêgat umangsur | kongsi gangsal côndra saya angranuhi | dadya katur mring kumêndur | yèn sakite mayor dados ||

19. kumêndur nuju sampun | gêgêntine Surakarta Mayur | pinilihkên kang wus kulinèng wong Jawi | sarta pinapangkat ophrup | inggih Piskal Totlomondo ||

20. duk puniku witipun | panggêdhène Wlônda nama oprup | wus sakeca tyase kang para bupati | dene kônca lami wangsul | Tuwan Ophrup Totlomondo ||

Punika lajêng nyandhak buku jilidan ôngka: II.