Sastra Jawa

Program Digitalisasi Sastra Daerah

  • Increase font size
  • Default font size
  • Decrease font size

Babad Giyanti, Budi Utama, 1916-18, #982 (Jilid 2/1)

Katalog:Babad Giyanti, Budi Utama, 1916-18, #982
Sambung:
1.Babad Giyanti, Budi Utama, 1916-18, #982 (Jilid 1/1). Kisah, Cerita dan Kronikal | Babad Giyanti #1082.
2.Babad Giyanti, Budi Utama, 1916-18, #982 (Jilid 1/2). Kisah, Cerita dan Kronikal | Babad Giyanti #1083.
3.Babad Giyanti, Budi Utama, 1916-18, #982 (Jilid 2/1) . Kisah, Cerita dan Kronikal | Babad Giyanti #1084.
4.Babad Giyanti, Budi Utama, 1916-18, #982 (Jilid 2/2) . Kisah, Cerita dan Kronikal | Babad Giyanti #1085.
5.Babad Giyanti, Budi Utama, 1916-18, #982 (Jilid 3/1) . Kisah, Cerita dan Kronikal | Babad Giyanti #1086.
6.Babad Giyanti, Budi Utama, 1916-18, #982 (Jilid 3/2) . Kisah, Cerita dan Kronikal | Babad Giyanti #1087.
7.Babad Giyanti, Budi Utama, 1916-18, #982 (Jilid 4/1) . Kisah, Cerita dan Kronikal | Babad Giyanti #1088.
8.Babad Giyanti, Budi Utama, 1916-18, #982 (Jilid 4/2). Kisah, Cerita dan Kronikal | Babad Giyanti #1089.

Sêrat Babad: Surakarta Ingkang Katêlah Dipun Wastani Babad Giyanti Mawi Sêkar Macapat.

Anyariyosakên lêlampahanipun: Kumpêni Walandi, Karaton Surakarta, Ngayogyakarta, tuwin Mangkunagaran. Babon asli saking suwargi Radèn Tumênggung Yasadipura, pujôngga ing Karaton Dalêm Surakarta Adiningrat.

Kacithak saha kawêdalakên dening Namlosê Penutsêkap Budi Utama ing Surakarta, taun Je: 1846, taun Walandi: 1916.

Jilidan ôngka: II.

--- [2] ---

...

--- [3] ---

Punika candhakipun buku jilidan ôngka: I.

21. kunêng malih winuwus | Mangkunagara saabdinipun | tumurune saking Samakaton wukir | abdi nênêm datan kantun | lampahipun amangalor ||

22. mlipir rèng-èrèng gunung | sêdyanira laju arsa nusul | mring kang rama Jêng Pangeran Mangkubumi | wirandhungan lampahipun | ywa nganti kawruhan mungsoh ||

23. wau barisan dhusun | ingkang manggèn sakilèning gunung | wus miyarsa lamun pangeran lumaris | ting kalêsik undhangipun | badhe angadhang nèng Pancot ||

24. wus umangkat rumuhun | pacêkan mantri têtindhihipun | apêparab Singamênggala Ngabèi | rowangipun wontên satus | sampêt piranti prang popor ||

25. pangeran dupi langkung | ingêlokkên lah payo ya iku | payo-payo wong desa prasamya titir | gêndhong kênthongan ambarung | titir kothekan lir lampor ||

26. surak alok gumuruh | wong padesan kang prapta barubul | ting katholang gantar ganthol kang cinangking | canggah bêndho towok wadung | ana kang amikul bronjong ||

27. pangeran duk andulu | kèh wong ngadhangi surak gumuruh | anêmpuh byat jroning tyas aderah [ade...]

--- 4 ---

[...rah] pati | mlipir nêrak barisipun | saya gumêrah wong alok ||

28. lah payo wetan kidul | êlor kulon nangkêpana gupuh | kinakalang kinêpung têpung bathithit | ana kang ngêthungkên wadung | wênèh canggah ganthol towok ||

29. bandhil brangkolang mamprung | sinawatkên pangran kang kinêpung | nanging datan ana wani amrêpêki | mung alokira gumuruh | surak kang wetan myang kulon ||

30. mantri têtindhihipun | aparentah canggahên dèn gupuh | wong padesan ingkang kinon samya ajrih | dene pangran nêrak purun | angasta lawung cinoncèng ||Seharusnya guru lagu: 8o, angasta lawung cinoncong.

31. pangeran abdinipun | ting palinguk dhêlêg lênguk-lênguk | samya nangis sarwi awacana aris | bandara lan raganingsun | apa datan katon uwong ||

32. gêmblunge saya dlarung | wong desa iki ngarakat purun | binabêrêg lir ngitêr buron wanadri | pangeran kalane ngrungu | ngêrês ing tyas karêraos ||

33. sèlèh lawung manêkung | tan antara dhêdhêt riris têdhuh | gêtêr patêr prapta kang maruta tarik | mêsês bajra litalesus | kumrusuk kayon gumêrot ||

34. adrês praptaning jawuh | wor prahara swarane gumrubug | alimêngan gora rèh kagiri-giri | kang ngêpung kuwur kabawur | kadrêsan riris dharodhog ||

--- 5 ---

35. bênggang gènira ngêpung | pangran saabdine sigra laju | wong padesan ora ana kang udani | wusnya têbih lampahipun | nulya têrang punang jawoh ||

36. padhang kadi duk wau | wong kang ngêpung samya ting palinguk | dene ingkang kinêpung suwung tan kèksi | angupaya ting bilulung | apan sarwi alok-alok ||

37. nanging kêmba lokipun | awit tan wruh pangran purugipun | kang bêbujung prasamya kecalan lari | dadya kèndêl samya jêtung | malih ingkang winiraos ||

38. pangeran kang binujung | dungkap prapta ing Têlahab dhusun | sangêt sayah prasamya mêtêki wêntis | gaib karsaning Hyang Agung | tuhu yèn akarya gawok ||

39. môngka pracihna tuhu | lamun pangran têmbe dadya luhur | ing saparan rinêksa dening Hyang Widhi | wontên wong pêpitu rawuh | kêkapalan saking êlor ||

40. pangeran kagyat dulu | nyana wong nyêgati arsa nubruk | dupi cêlak angaturakên turanggi | pangran dèrèng nate wanuh | wong pitu aturnya alon ||

41. dipun enggal pukulun | lampah paduka arsa anusul | ing ramanta Jêng Pangeran Mangkubumi | maksih nèng Dêmak kang kidul | ajêng-ajêngan lan mungsoh ||

42. pangeran sampun laju | nitih kuda lan saabdinipun | sarêng nolih wau wong kang sung turanggi | sampun [sampu...]

--- 6 ---

[...n] tan wontên kadulu | pangeran angandika lon ||

43. kang asung kuda mau | wong ing ngêndi mêngko tan kadulu | Dyan Tumênggung Kudanawarsa nauri | lah sampun paduka wuwus | gaib pitulung Hyang Manon ||

44. wus lajêng lampahipun | praptèng Talahab kèndêl ing ngriku | wontên wonge Kudanawarsa kapanggih | Jiwaraga namanipun | praptane bêkta sêsugoh ||

45. abdi nadhah sadarum | nanging tan dhahar pangeranipun | amung mucang lan dhahar panganan kêdhik | asarèh tan ana mungsuh | kang bêbujung sampun adoh ||

46. Ki Jiwaraga matur | inggih paduka ngalèr akumpul | lan ramanta Jêng Pangeran Mangkubumi | sampun kathah balanipun | pikukuh kèh prawira nom ||

23. Sinom

1. mangke kang baris Sumêngka | myang baris Gêbang pra sami | tan wontên sagêd sêsaba | kinêpung dèn kalèncèri | wong ewon tanpa kardi | mangkana sêsampunipun | rêrêm pangran umangkat | ngalèr margèng ngiring-iring | jurang pèrèng asirung sampun kawuntat ||

2. saari dènnya lêlampah | anjog tanah Sukawati | tinakonan wong padesan | ngaku caraka tinuding | Pangran Mangkunagari | maring Dêmak nyuwun bantu | inggih dhatêng kang rama | wong desa ngluluskên sami | pangran nyare anèng malela sabrangan ||

3. enjinge ngalèr

--- 7 ---

anabrang | aris dènira lumaris | yèn kèndêl ngambah padesan | wong desa samya ngaturi | sasêgah warni-warni | saari dènnya lêlaku | ratri nyare Balunthah | pangeran miyarsa warti | lamun garwa putranipun ingkang rama ||

4. wontên dhusun ing Gêlagah | samadyaning Kêndhêng wukir | Pangeran Mangkunagara | sigra nênggêl nacak wukir | ing Gêlagah wus prapti | Brajadênta kang atunggu | lan Radèn Tambakbaya | tigang atus kang turanggi | Tambakbaya Brajadênta tur uninga ||

5. mring kang bibi jêng pangeran | ran Mas Ayu Tejawati | lamun ingkang wayah prapta | Pangeran Mangkunagari | mêntas kasor ing jurit | karisakan balanipun | arsa sowan kang rama | samangke wontên ing jawi | duk samana Tejawati nuju lênggah ||

6. anèng dalêm pasanggrahan | lan kang wayah Sang Suputri | Dyan Ajêng Intên kang nama | anandhang papa wus lami | bombrong agêmirèki | nyamping lurik klambi gadhung | bathik sèrèt sêmêkan | tanpa sêngkang sêsotya di | amung ngagêm sêsêngkang cêmêng kewala ||

7. suprandene sang kusuma | maksih katon ingkang warni | endah cahyanya gumilang | ruruh rêspati amanis | lamun cinôndra kadi | Lara Irêng munggèng gunung | tuhu ayu utama | ingkang eyang Tejawati | angandika

--- 8 ---

maring Radyan Tambakbaya ||

8. mara enggal timbalana | Tambakbaya sigra mijil | pangeran wus ingaturan | kerit dhatêng dalêm wuri | sapraptaning ngarsa glis | angabêkti eyangipun | mas ayu angandika | adhuh nyawa wayah mami | dene sira kongsi anandhang kasrakat ||

9. kang wayah nêmbah turira | awit kasoran ing jurit | tinukup wontên Papringan | dhatêng pun mayor kêkalih | gusis kongsi balindhis | prabot prang tan wontên kantun | mila ngungsi ing rama | mangke rama wontên pundi | angandika kang eyang Mas Ayu Teja ||

10. kulup ing samêngko lagya | ambêdhah Dêmak nagari | lawase wus kalih côndra | ênggone anèng pasisir | si adhi apa maksih | ya Sanawati eyangmu | pangran matur pun eyang | taksih sugêng anèng wukir | sadangunya pangeran imbal wacana ||

11. lan eyang Mas Ayu Teja | pangran kumêpyur ing galih | anon ing wanodya endah | ruruh rêspati amanis | pangran garjitèng galih | baya iki putranipun | pambayune jêng rama | paran baya awak mami | darbe swami yayi kang pindha Supraba ||

12. sawusira sawatara | pangeran sigra umijil | mring pandhapa pasanggrahan | rêrêm nganti tigang ratri | nanging tan antuk guling | kasmaran kang klambi [kla...]

--- 9 ---

[...mbi] gadhung | cumanthèl anèng netra | tumancêp ing sanubari | wusnya tigang dalu pangran nèng Gêlagah ||

13. arêmbagan karsanira | Tambakbaya kinon ngiring | nusul kang rama mring Dêmak | ingkang eyang anjurungi | Mas Ayu Tejawati | angandika jroning kalbu | bocah iki ing benjang | aja tanggung dadi kanthi | adhaupa antuk arine priyôngga ||

14. ri sampunira samêkta | pangeran ngaras pada mit | sigra budhal gêgancangan | Tambakbaya kang umiring | sirna bêbayèng margi | lamun ratri rêrêm dhusun | ênjingipun lêlampah | prapta ing Warung nagari | bupatine suwung dhèrèk maring Dêmak ||

15. pangeran apirêmbagan | kalamun arsa pêpanggih | lawan Pugêr Adipatya | maring Garobogan nagri | Tambakbaya ngrojongi | lajêng pisah anèng Warung | wau Dyan Tambakbaya | angalèr ngilèn lumaris | jêng pangeran ngilèn lêrês lampahira ||

16. sapraptaning Garobogan | anulya têtakèn warti | Dipati Pugêr barisnya | wong padesan tur udani | yèn Pugêr Adipati | baris anèng Sumbêr dhusun | têngga kitha Grobogan | lan jampangi Sukawati | sigra laju lampahnya mring Sumbêr desa ||

17. wus panggih sang adipatya | rinangkul dipun tangisi | dene dahat kasangsaya |

--- 10 ---

wusnya lêjar sang dipati | matur anggèr samangkin | ngantia ngriki karuhun | awit rama paduka | kadi-kadi nuntên prapti | arsa têdhak atêtinjo baris Gêbang ||

18. kalawan arsa mêthuka | rama padukarsa prapti | inggih Jêng Pangeran Rôngga | nêdya sabiyantu budi | sigêg gênti winarni | Tambakbaya lampahipun | praptane kitha Dêmak | laju tur uninga gusti | yèn kang putra Pangeran Mangkunagara ||

19. prapta nusul ing samangkya | nunggil Pugêr Adipati | pangeran sigra utusan | dhumatêng sang adipati | ywa obah goning baris | pangeran umangkat ngidul | praptane kilèn Gêbang | lajêng umagut ing jurit | baris Gêbang angamuk prang kuthêthêran ||

20. anêsêk pangêdrèlira | Jêng Pangeran Mangkubumi | ngêsuk ngungkih saha bala | Kumpêni rolas kang mati | sakêdhap angunduri | ngidul ngilèn karsanipun | mêthuk Pangeran Rôngga | baris Gêbang duk ningali | mambu ilu pangrasane binalènan ||

21. maras miris tansah uwas | dhadhal angidul lumaris | kêbut mring Garompol desa | kang baris Sumêngka maksih | Mlayakusuma tindhih | lan Wiraguna Tumênggung | Tumênggung Ônggawôngsa | Mangkupraja lawan malih | kalimane Dyan Tumênggung Natayuda ||

22. Tuwan Balangkêr Kapitan | bitinge [bi...]

--- 11 ---

[...tinge] santosa trêtiptrêtib. | galugu rangkêp sakawan | panggènan mriyêm miranti | Pangeran Mangkubumi | pamêthuke tan kapêthuk | Kangjêng Pangeran Rôngga | mring kang raka anyidrani | wangsul ngalèr pangeran sabalanira ||

23. praptèng tanah Garobogan | ing Ramun kang dèn sanggrahi | Dipati Pugêr gya sowan | lan Pangran Mangkunagari | praptèng ngarsa ngabêkti | carocosan waspanipun | kang rama nênggak waspa | kamiwêlasên ningali | gya rinangkul kinuswa lungayanira ||

24. dinangu pangran aturnya | dhuh rama musthikèng bumi | budiman amartotama | kotamane angayomi | ngayomi sining bumi | satatane tyas pinutus | kontap prawirèng yuda | pêpundhèning pra Bupati | Sukawati pasisir môncanagara ||

25. pukulun mila kawula | milalu nandhang prihatin | awit duk wontên Papringan | tinukup dening Kumpêni | bala dèrèng arakit | laju kinarakat purun | kinêpang kinakalang | têmah kèthèr pothar-pathir | kuthèthèran bala ambyar ting salêbar ||

26. singa panggah kasulayah | dadya giris miris ngisis | boga busana warastra | prabot kapraboning jurit | bebas rinampas tapis | sajuga tan wontên kantun | èsthining tyas kawula | ing nguni praptaning mangkin | datan liyan amung [a...]

--- 12 ---

[...mung] ngayom jêng paduka ||

27. marma ulun laju sowan | mung nêdya sêtya mastuti | barang rèh karsa paduka | nyarah sumarah nglampahi | prapta ing lara pati | pangeran ngandika arum | kulup ingsun tarima | prasêtyanira mring mami | aywa susah sumaraha ing satitah ||

28. manawa iya manawa | ana pitulung Hyang Widhi | kang dhumawuh marang sira | wong tuwa wajib nuwani | ing mêngko karsa mami | sira ingsun atêr ngidul | mulih marang Kaduwang | sun galih kaya pakolih | mrih mêmulih wadyanira kang singidan ||

29. mangkana kangjêng pangeran | ing dina Wraspati Manis | karsa amiyos sinewa | aglar kang para bupati | dhawuh parênging galih | ing mangke santun jêjuluk | nama Kangjêng Pangeran | Adipati Sukawati | senapatining prang pramuka jayèngrat ||

30. sarta dhawuhkên timbalan | Bupati Dêmak ing mangkin | Dyan Tumênggung Suranata | jinunjung ingkang palinggih | saking ngandhap manginggil | karsa pinaring jêjuluk | Dipati Suranata | kang sewaka saur pêksi | kanthi suka gustine asantun nama ||

31. sangsaya agêng tyasira | sagung bupati myang mantri | pangeran sigra dhêdhawah | ingkang kantun têngga baris | tindhih Pugêr Dipati | lan Brajadênta Tumênggung | Brajamusthi Jadirja | Tumênggung Rêksanagari | myang ing Warung Ngabèi [Ngabè...]

--- 13 ---

[...i] Kartanagara ||

32. punggawa ingkang binêkta | Tumênggung Suryanagari | Dyan Rôngga Wirasêtika | Tambakbaya datan kari | Samadipura malih | Ranadiningrat Tumênggung | Dipati Suranata | mung Gadamastaka kari | jaga lamun Kumpêni prapta ing Dêmak ||

33. yèn gêdhe angoncatana | angumpul lan Adipati | Pugêr anèng Garobogan | lan Balora kinèn gitik | wusnya gêlêng kang pikir | atêngara budhalipun | saking Ramun angetan | praptèng Sela ngidul malih | kèndêlira wayah tidhêming baskara ||

34. nèng Malela masanggrahan | ngutusi sêlir kêkalih | dalu padhang sami nabrang | ing Malela kidul kali | Pangran Mangkunagari | wontên abdi katri nusul | wong ing Matesih desa | dadya sadasa kang abdi | wanci wijiling surya sigra budhalan ||

35. wontên sèwu tigang dasa | wadya wahana turanggi | Pangeran Mangkunagara | lawan sapuluh kang abdi | panggènaning lumaris | kalêrês nèng ngarsanipun | kang rama datan pisah | lan punakawan anunggil | ingkang sami ngampil-ampil upacara ||

36. samana ing lampahira | praptèng Karja pukul katri | rêrêp sami masanggrahan | kunêng ingkang samya baris | Môndaraka Ngabèi | Yudanagara Tumênggung | kang anèng Pacangakan |

--- 14 ---

sampun amiyarsa warti | yèn pangeran ngatêrakên ingkang putra ||

37. sigra angundhangi bala | dhadhal amangidul sami | ngumpul pabarisan Taman | ingkang amawi Kumpêni | baris cilik narithik | sadaya mawur-sumawur | maring Taman anunggal | ing dalu datan winarni | enjang budhal kang makuwon anèng Karja ||

38. wong Matesih abdinira | Pangeran Mangkunagari | wruh bubar kang pabarisan | Pangeran ing Sukawati | sawadyakuswa prapti | ngatêrakên putranipun | samya saos sêsêgah | rakit kapraboning jurit | kêkumpulan mantri jêro mantri jaba ||

39. têdhakira Jêng Pangeran | Sukawati duk ing wanci | pukul sawêlas sawadya | prapta anèng desa Bangsri | para mantri Matesih | prapta sagêgamanipun | kapalan pitung dasa | ngirid sêgah warni-warni | jodhang tenong asêlur dulur tan pêgat ||

40. tumpêng tumpuk tumpa-tumpa | opor bèbèk panggang pitik | gumêlar kongsi balabar | jêruk salak jambu kawis | dhuku pijêtan manggis | durèn gowok lan kapundhung | kêpêl mundhu Kaleca | maneka warna mêpêki | wajik jênang jadah lèmpèng nèng karanjang ||

41. pangeran suka tumingal | katonton trêsnaning abdi | lajêng ngaturkên ing rama | bêktinipun [bêktinipu...]

--- 15 ---

[...n] para mantri | Pangeran Sukawati | marwata suta andulu | abdine ingkang putra | sabiyantu samya prapti | angandika Pangeran ing Sukawatya ||

42. kulup iku balanira | saosna ing ngarsa mami | kang padha trêsna ing sira | wusnya majêng gya tiniti | sinabdan arum manis | saatur-ature katur | punika abdi cêlak | ingkang têbih dèrèng prapti | cacahira sawêg kuda pitung dasa ||

43. antara êlêt sadina | wontên wadya malih prapti | samya wahana turôngga | sikêp kapraboning jurit | cacahe winatawis | kumpulipun kalih atus | sawusnya tigang dina | nèng Bangsri anulya ngalih | masanggrahan urutipun dhusun Ngêmplak ||

44. kongsi ing samadya côndra | ingkang eyang lawan sêlir | kang kalanipun pangeran | asingêdanasingidan (dan di tempat lain). anèng wukir | tinitipkên wong dèsi | samana wus prapta nusul | myang wadya ing padesan | gili kapalan kang prapti | kumpulira kawan atus winatara ||

45. tumênggunge uga prapta | samêkta kaprabon jurit | kang rama dhawuhkên budhal | kang putra sigra ngundhangi | wadyanira lumaris | nèng ngarsa dadya panganjur | angidul ingkang lampah | wanci diwasaning ari | prapta dhusun ing Plêsan amasanggrahan ||

46. sadalu enjinge budhal | ngidul minggah graning wukir | wau kang baris [ba...]

--- 16 ---

[...ris] ing Taman | ing tyas sami sônggarunggi | dene Pangran Dipati | ing Sukawati mangidul | kathah kang wadyakuswa | sikêp kapraboning jurit | sigra nambur prajurit tan kêna obah ||

47. sami tata baris mêdal | Pangeran ing Sukawati | lampahe wus praptèng arga | Sêmbuyan makuwon sami | gya utusan nimbali | maring umbul Sultan Dhandhun | kang rayi matur gêrah | Pangran Sukawati runtik | srênging karsa arsa dhatêngkên dêduka ||

48. Pangeran Mangkunagara | matur maripih mrih lilih | ywa kongsi kadawa-dawa | sêrêng runtiking panggalih | pangeran anuruti | mring kang putra aturipun | budhal saking Sêmbuyan | munggah tumuruning wukir | laju ngilèn anjog bumi Pamasaran ||

49. kunêng kang maksih singêdan | Pangeran Pamot miyarsi | lamun ingkang rama prapta | masanggrahan anèng Moki | sowan lajêng ngabêkti | ingaras lungayanipun | balane nusul kêmpal | wontên satus kang turanggi | ya ta Pangran Mangkudiningrat miyarsa ||

50. lamun ingkang rama prapta | Jêng Pangeran Sukawati | sigra sowan saha bala | sawontêne ingkang abdi | prapta lajêng nungkêmi | ing pada sarwi rawat luh | kumpule kang gêgaman | tigang èwu malah luwih | wuwuh-wuwuh wadyane para pangeran ||

51. nulya ngalih pasanggrahan |

--- 17 ---

anèng dhusun Pucangsawit | myarsa yèn Kumpêni Taman | Kalikuning arsa prapti | pangeran tata baris | wus rinakit balanipun | nèng ara-ara wiyar | badhe pamêthuking jurit | ingantênan kongsi diwasaning surya ||

52. Kumpêni tan ana prapta | pakuwone sigra ngalih | nèng Pagêr gêlêngkên rêmbag | badhe mukul ing Matawis | nèng Pagêr tigang ratri | enjang têngara gumuruh | budhal kang balakuswa | balabar mênuhi margi | marga agêng kang kambah kèbêkan wadya ||

53. saari dènnya lêlampah | kèndêl Kamalon sawêngi | enjang atêngara budhal | karsa manjing ing Matawis | ing Parambanan prapti | ingkang minôngka panganjur | Pangran Mangkudiningrat | sampun malêbèng Matawis | pra pangeran sakawan angguladrawa ||

24. Dhandhanggula

1. ya ta wau lampahira prapti | amakuwon pangeran sakawan | sawetaning Pasar Gêdhe | wadyanira gumuruh | wong padesan dipun rayahi | gègère apuyêngan | duk angsal sadalu | angilèn arsa umangsah | nocok bata kang putra wus dèn dhawuhi | Pamot Mangkudiningrat ||

2. saking êlèr gènnya magut jurit | Pangran Arya Amangkunagara | saking wetan umangsahe | kang kabêbahan kidul | Jêng Pangeran ing Sukawati | wusnya rakit [raki...]

--- 18 ---

[...t] gya surak | swarane gumuruh | majêng marêpêki bata | binêdhilan saking sanginggiling biting | wadya kathah kabranan ||

3. punggawane Pangran Sukawati | Rôngga Wirasêtika kabranan | kêna mimis ing kempole | winuwung saking panggung | bêdhil pistul tan anggop muni | kang ngrangsang kapurancang | buncur ting galuyur | binandhêman bata sela | dadya mundur wadyabala Sukawati | giris miris lir jawah ||

4. datan kongkih dèn ungkih ing jurit | lawang roro mriyême nyakawan | miranti obat mimise | mangkana undhang sampun | Jêng Pangeran ing Sukawati | tuwin kang para putra | undure mangidul | kèndêl dhusun Kapurancak | masanggrahan sadalu budhale enjing | ngalèr anjog ing Warak ||

5. wadyabalanira ngrayah sami | kalih ari anèng dhusun Warak | enjang angetan budhale | gantya ingkang winuwus | baris Taman lan Kalikuning | angumpul anèng Gondhang | sa-Kumpêninipun | drahgundêre wolung dasa | Litnan Kèbêr lawan Tuwan Litnan Wati | myang bupati sakawan ||

6. Jawikrama lawan Rajaniti | Yudanagara myang Naladirja | wontên salawe mantrine | kumpule kudanipun | wontên wolung atus watawis | tan cinatur kang dharat | rêmbag arsa mêthuk | wus samêkta gya budhalan | ngadhang

--- 19 ---

kidul ing kêmbang nulya kaèksi | baris kang lampah ngetan ||

7. Litnan Sakèbêr samya prajangji | lawan para bupati sakawan | dalah sapara mantrine | singa ninggal lumayu | aywa nganti nêmu basuki | gêlêng golonging sêdya | Kumpêni gya nambur | mungsuh pinêdhot ing têngah | Tuwan Litnan Sakèbêr mangsah angungkih | kang tinêrak samana ||

8. nuju Pangeran Pamot kang baris | binendrong ing sanjata wus dhadhal | Sakèbêr angamuk dhewe | anyakot lambenipun | kongsi nêdhas rahira mijil | malêdug kang tinunjang | wau garwanipun | Pangeran Pamot kapêlak | dhawah saking turôngga dèn parêpêki | mring Sakèbêr cinandhak ||

9. Pangran Adipati Sukawati | angandhêgi kang lumayu samya | kinèn ngungsi nèng wurine | dadya campuh atêmpuh | rame ulêng dènira jurit | Pangran Mangkudiningrat | wus têbih katawur | Pangeran Mangkunagara | sigra wangsul miyat ingkang rama jurit | anadhahi Walônda ||

10. wong Kumpêni kalih ingkang mati | tatu satunggal wong Sukawatya | kasaput dalu yudane | anulya samya mundur | Jêng Pangeran ing Sukawati | lawan Mangkunagara | ngalèr lampahipun | Pamot lan Mangkudiningrat | pan katawur lumayu madyaning jurit | tan adangu samana ||

11. Pangran Pamot [Pa...]

--- 20 ---

[...mot] kapanggih ing margi | namung Pangeran Mangkudiningrat | tan ana wruh ing puruge | wau ta lampahipun | diwasaning Hyang Bagaspati | prapta ing dhusun Kopat | amakuwon sampun | Pangeran Mangkudiningrat | wus kapanggih sawadyabala umiring | enjang sigra budhalan ||

12. samya aris dènira lumaris | pukul tiga jawah angin prapta | pangran rêrêp sabalane | anèng dhusun Lêmuru | sawetaning Dêlanggu margi | prasamya pirêmbagan | mamrih pêncaripun | ing baris aja anunggal | adhêdhawah Jêng Pangeran Sukawati | kulup Mangkunagara ||

13. sira balia mangetan maning | kulup Pamot lan Mangkudiningrat | balia mangidul manèh | dèn pêncar aja kumpul | padha madêg baris pribadi | nêmbah pangran têtiga | sandika turipun | wijiling baskara budhal | pêpisahan Jêng Pangeran Sukawati | mangalèr saha wadya ||

14. mêdal margi agêng ingkang baris | kunêng nagari ing Surakarta | wusnya atas pamyarsane | pangran sawadyanipun | saking Dlanggu ngalèr lumaris | paran ingkang kinarsan | nindya mantri gupuh | lawan oprup pêparentah | maring wadya asiyaga pacak baris | anèng ing lurung aglar ||

15. mantri pacalang atur udani | lamun pangêran ing Sukawatya | laju mangalèr lampahe |

--- 21 ---

wadyakuswa asêlur | badhe kèndêl tinawas warti | tiniti kang pacalang | dening tuwan oprup | wusnya têrang pêparentah | angundhangi bibarkên wadya kang baris | winarna Jêng Pangeran ||

16. Adipati Sukawati prapti | ing Pawêdhèn Majênang parentah | Suranata sabalane | kinèn ngalèr akumpul | barisipun Pugêr Dipati | myarsa Kumpêni prapta | angatêr Tumênggung | ing Dêmak Martanagara | lawan Wiranagara wong Dêmak sami | kang lèr suyut Walônda ||

17. mung kang kidul tan anut Kumpêni | anut Adipati Suranata | Gadamêstaka kalihe | inggih pangidhêpipun | wong ing Dêmak ingkang sapalih | Dipati Suranata | bidhal ngalèr sampun | nusul Pugêr Adipatya | ngalèr ngetan ri sampunira pêpanggih | nèng barisan Malowa ||

18. pêpak andhèr sagunging bupati | Pangran Tumênggung Gadamêstaka | ugi anunggil barise | mêntas andon anglurug | bêdhah ingkang Balora nagri | Tumênggung Wilatikta | Balora wus ngumpul | Suranata awêwarta | yèn pangeran masanggrahan Wêdhèn dèsi | wusnya rêrêp watara ||

19. Adipati Pugêr myarsa warti | wontên Kumpêni saking ing Jipang | ngrêbat Balora sêdyane | dipati undhang sampun | angirabkên sagunging baris | Rôngga Wirasêtika | ingkang atut [atu...]

--- 22 ---

[...t] pungkur | pangeran ing Sukawatya | Rôngga sigra atur uninga ing gusti | lamun Bupati Jipang ||

20. kanthi tigang atus Bugis Bali | drahgundêre amung pitung dasa | nèng Darapulu barise | sandi arsa mangrêbut | ing Balora nanging pawarti | arsa nêmpuh pangeran | pangran ngandika rum | hèh Rôngga sira kariya | lan Jadirja sakancanira dèn bêcik | ingsun ngalor tumêdhak ||

21. punggawa papat bae kang ngiring | sira kabèh padha akariya | kêpungên Sumêngka bae | pangeran budhal sampun | ngalèr ngetan anjog ing Silip | Dipati Pugêr prapta | lan sakancanipun | anèng sakilèn Balora | pangran kidul wetan Balora abaris | wêwêngkon tanah Jipang ||

22. wong Kumpêni pan lagya lumaris | pinêthukkên sajawining wana | ginêlaran ing yudane | cêlak lajêng acampuh | wong Kumpêni asru ngêdrèli | tarung amung sakêdhap | lajêng sami mawur | wadyabalane pangeran | mawurira malbèng wana nganan ngering | anggubêt maring wuntat ||

23. laju nêmpuh kotbuta mangungkih | Bali Bugis Jawa kang tinrajang | puyêngan gugup agègèr | arame campuhipun | pangerane ngawaki jurit | dangu ulêng-ulêngan | mungsuh Jawa sumyur | mawur katawur lumajar | drahgundêre dèrèng sagêd anulungi | kasêlut papanira ||

--- 23 ---

24. Bali Bugise kathah ngêmasi | kalih atus anulya dèn tilar | awor galasah bangkene | angetan lampahipun | Jêng Pangeran ing Sukawati | sawadya masanggrahan | anèng Darapulu | pangeran sigra utusan | andhawuhi marang Pugêr Adipati | myang sagung pra bupatya ||

25. kinèn wangsul amadidulamangidul. malih | baris anèng tanah Sukawatya | ambêbidhunga barise | Kumpêni kang kêkuwu | nèng Sumêngka akarya biting | kang kinon gya budhalan | wau kang winuwus | Jêng Pangeran Sukawatya | amiyarsa yèn Bupati Jipang baris | wontên ing Pagêrwaja ||

26. cucuking prang sutane bupati | nama Dyan Panji Kartawijaya | Bulu Kumêndhung barise | wontên dêdamêl sèwu | sakantune bala Kumpêni | ajrih wangsul mangetan | ngidul ngilèn laju | nunggil baris ing Sumêngka | jêng pangeran lajêng mangetan lumaris | prapta Jêruk samana ||

27. pan kapêthuk wong Bali satunggil | Bali Bule nama Yudaningrat | sowan suwita sêdyane | lamun kalilan sanggup | ngirid bêkta kancane malih | wong Bali kawan dasa | dèn ajak sadarum | sêdyane sampun tinampan | jêng pangeran nuduh punggawa anggitik | baris ingkang pangarsa ||

28. Radèn Tambakbaya kang nindhihi | kanthi Tumênggung Ranadiningrat |

--- 24 ---

budhal sawadyabalane | praptèng Bulu Kumêndhung | lajêng campuh rame ajurit | Panji Kartawijaya | sinêrot lumayu | rowange mati limalas | sampun bêdhah ing Bulu Kumêndhung baris | ngungsi ing Pagêrwaja ||

29. Bulu Kumêndhung wus dèn êbroki | prapta malih bali Yudaningrat | lawan têtiga kancane | dene kang patang puluh | sagah sami mêthuk ing margi | lamun pangeran têdhak | dhatêng Majaranu | wusnya kalih dalu budhal | saking Bulu Kumêndhung arsa anggitik | kang baris Pagêrwaja ||

30. Pangran Adipati Sukawati | anèng marga nampèni cundaka | Petor ing Grêsik upase | Mantri Tuban Sidayu | kait nungkul biyantu budi | pangran sigra utusan | kanthi sêrat dhawuh | mring kalih Bupati Jipang | wus umêngsatumêsat. caraka tan dangu prapti | barisan Pagêrwaja ||

31. sêratipun sampun dèn tampèni | dening Tumênggung Mangkunagara | Wôngsanagara kalihe | kadhadha raosipun | amangsuli tumênggung kalih | maring mantri caraka | kônca dika matur | gènipun kangjêng pangeran | paring dhawuh sayêktine kula pundhi | nanging dipun sarônta ||

32. kula raos-raosipun dhingin | sanès ari kula atur wikan | gêlênge kônca rêmbage | caraka nulya wangsul | saungkure [sa...]

--- 25 ---

[...ungkure] bupati kalih | prasamya pirêmbagan | sakecaning laku | nungkul miwah mapag yuda | lan têlike dinangu tiniti-titi | kathahe balakuswa ||

33. turing têlik nêmatus tan luwih | kêkapalan kang dharat sanambang | baris Pagêrwaja kabèh | tri èwu wolung atus | gunggungipun cacah prajurit | pan sèwu kapat bêlah | kêkapalanipun | rongèwu tri atus dharat | para mantri duk myarsa aturing têlik | rêmbag amapag yuda ||

34. wênèh rêmbag dèn rèrèh kariyin | suraosing srat samya rinasa | ginagas mrih sakecane | Mangkunagri Tumênggung | sigra maos kang ponang tulis | mangkana wuryanira | pèngêt layang ingsun | Jêng Gusti Pangran Dipatya | Sukawati senapatining ajurit | ing pramuka jayèngrat ||

35. dhumawuha mring karo bupati | kang abaris anèng Pagêrwaja | ingsun sung wêruh wiyose | kalamun arsa rawuh | dèn abêcik gon sira cawis | manawa kurang ubat | mimis maryêm agung | sun anti ngalumpukêna | lamun uwis santosa sira dèn nuli | tur wikan ingsun prapta ||

36. duk midhangêt raosing kang tulis | para mantri anglês tyas amaras | sirna daya kawanène | nanging kalamun dulu | kèhing bala kang samya baris | tuwuh sudiranira | dadya tansah

--- 26 ---

eyung | dèrèng gumolong kang rêmbag | kunêng gantya wuwusên Pangran Dipati | Sukawati utusan ||

37. ngantêp Bupati Jipang kêkalih | Ranadiningrat ingkang dinuta | pinapantês panganggene | lancingan panjèn wungu | rasukane kuwantong adi | kancing rasukan timang | sarwa sotya murub | asabuk cindhe puspita | udhêng jingga nyampinge samboja wilis | katri ponang curiga ||

38. mawi salorok ingkang satunggil | samya agême kangjêng pangeran | pinaringkên kinèn ngangge | dene ingkang tut pungkur | pinaringan mantri pinilih | sèkêt sinung busana | kêling bêbêdipun | èpèk renda timang êmas | rasukane naracak baludru langking | binudir ponang anggar ||

39. dhuwung kang inganggar myang winangking | pêndhok samya kancana tatahan | dalah saupacarane | Ranadiningrat sinung | upacara agêming gusti | mantri pinilih samya | ngakên balanipun | balane Ranadiningrat | wusnya rakit samêkta salir piranti | sigra anulya budhal ||

40. apan samya wahana turanggi | sinongsongan Dyan Ranadiningrat | dhasar sarigak sêmune | wayah suta têtêlu | sinêmbuh ing busana adi | kucêm ingkang umiyat | prapta lampahipun | sajawine pabarisan | Dyan Tumênggung

--- 27 ---

Ranadiningrat samantri | mudhun saking turôngga ||

41. banderane linêlêt tumuli | sigra nuduh mantri kang dinuta | sajuga dharat lampahe | anuntun kudanipun | camêthine pan sinangkêlit | datan amawi tumbak | lampahira sampun | manjing jroning pabarisan | samya usrêk kumrêsêk pating kalêsik | caraka pinanggihan ||

42. duta matur kawula tinuding | dhatêng putra paduka Ki Lurah | Ranadiningrat wiyose | nêrang punapa antuk | kyai lurah martamu mriki | kalih Bupati Jipang | amangsuli arum | paran ing darunanira | yèn tan kêna de anak ingutus gusti | ywa kongsi wancak driya ||

43. nêdha nuli andika aturi | anak Tumênggung Ranadiningrat | caraka wangsul lampahe | prapta lajêng umatur | lah suwawi dipun aturi | malêbèng pabarisan | samana wus laju | Tumênggung Ranadiningrat | ingiringkên kang para mantri pinilih | prapta atata lênggah ||

44. surêm kucêm bupati myang mantri | aclum mêsum kasoran busana | Ranadiningrat têmbunge | dhuh paman dyan tumênggung | prapta kula ingutus gusti | makatên kang timbalan | bupati kang tugur | Pagêrwaja dhawuhana | rèhning tanpa Walônda sun paring peling | aran padha wong Jawa ||

45. lamun wangkot tan gatèkkên [gatè...]

--- 28 ---

[...kkên] peling | sun têmêni têmah siya-siya | tumênggung kalih ature | anak radyan tumênggung | kula yêkti sampun atampi | karsane jêng pangeran | ngowêl abdinipun | wa batinan wa lairan | kadi sampun kagalih ing kangjêng gusti | raos ingkang mangkana ||

46. Ranadiningrat mangsuli aris | yèn makatên angsal kabatinan | sampun katawis laire | ing batin ujubipun | kangjêng gusti angagêm batin | kolura kabatinan | lair dèn kacukup | pasthi yèn sampun katrima | nanging mangke ing rèh sampun ngatawisi | kêdah pinukul ing prang ||

47. Mantri Sidayu kalawan Tubin | ngaturi anggangsal atus reyal | lan nyakêmbaran karbine | cindhe anglimang kayuh | Dyan Tumênggung Jipang kêkalih | ngaturi nyèwu reyal | tinampan sadarum | Tumênggung Ranadiningrat | pan sinungan pangangge anulya pamit | mantuk samantrinira ||

48. dupi angsal saonjotan nuli | ngungêlakên sanjata ping sapta | baris simpênan wêdale | saking Bulu Kumêndhung | lawan Ranadiningrat panggih | sampun samya winêkas | kapalan tri atus | nglanggar baris Pagêrwaja | Radèn Tambakbaya kang nindhihi baris | tarung lèrès kewala ||

49. baris Pagêrwaja sampun gusis | kunêng Tumênggung Ranadiningrat | sampun [sa...]

--- 29 ---

[...mpun] prapta ing lampahe | anèng Bulu Kumêndhung | laju marêk ngarsaning gusti | tur warta lampahira | yèn mantri tumênggung | kang abaris Pagêrwaja | samya tundhuk sêtya tuhu jroning batin | lan ngaturkên pratôndha ||

50. tigang èwu ingkang warni picis | warni karbin angalih kêmbaran | sadasa kayuh cindhene | pangeran suka langkung | sigra dhawuh budhalkên baris | marang ing Pagêrwaja | ing sarawuhipun | sadalu nèng Pagêrwaja | enjang bidhal têdhak ing Jipang nagari | anèng marga kapapag ||

51. lawan Yudaningrat Bule Bali | bêkta kancanira kawan dasa | kang cinatur pangarêpe | Carangsoka ranipun | Prabakesa lan Pudhakmiring | Barak Jayalêksana | Têgal Angun-angun | kalawan Surajênaka | Pulangrêsmi Pulangsari Kartasari | Kumitir Kanigara ||

52. Baukara miwah Caranggadhing | Kêbolajêr lan BanyakpawartaBanyakparwata. | samya tinimbalan andhèr | pangeran sukèng kalbu | aningali têtiyang Bali | pinaringan turôngga | wadya patang puluh | bêbêt kalawan rasukan | nanging dèrèng panganggènira sinami | mangkana jêng pangeran ||

53. wusnya rêrêp nèng Jipang saratri | laju budhal saking nagri Jipang | wangsul ngilèn sabalane | anèng wana kêkuwu | wana Sambèng Jipang kang bumi | atata

--- 30 ---

wadyabala | wong Jipang kang tumut | Dêmang Suradimanggala | acungane Tumênggung Wôngsanagari | gantya kang winursita ||

54. tuwan guprênur wus myarsa warti | prang ing Jipang Kumpêni tumpêsan | ingkang kapupu cacahe | Bugis Bali rongatus | Kumpênine putih mung kalih | kasêlut ênggènira | tan antuk têtulung | wangsul angetan kadhangan | dadya ngilèn saking bingung rêbut urip | ngumpul baris Sumêngka ||

55. sigra parentah bantu ing jurit | wong Kumpêni lan wong Surabaya | kang kalih èwu cacahe | Madura kalih èwu | gêgununganira kêkalih | Panji Sumanagara | dene sisihipun | ran Panji Rêksanagara | Tambakbaya Jayasukêrta Ngabèi | mantri ing Surabaya ||

56. langkung agêng bantu ingkang prapti | maring Jipang guprênur parentah | tiyang Kumpêni barise | kinon bubar sadarum | kang nèng Taman lan Kalikuning | mantuk mring Surakarta | lawan malihipun | Sakèbêr myang Wati Litnan | pan ingangkat pangkat kapitan kêkalih | dumunung jroning praja ||

57. kacarita kang nèng Sukawati | bala Kumpêni lan pra bupatya | dhusun Sumêngka barise | sangêt prihatinipun | datan sagêd mingkêt sanyari | sampun pitulas dina | tan ana wong cucul | rina wêngi pinaranan | saking

--- 31 ---

sangêt bathêthêt wong Sukawati | bandarane tan ana ||

58. sawêg gitik ing JingpangJipang. nagari | luhung lamun pangerane ana | sarèh rèrèh pratingkahe | yèn sêpi gustinipun | sasolahe anggêgirisi | gêgila tanpa ulap | lir wong luput sêmbur | Dyan Tumênggung Jayadirja | Brajadênta lan Tumênggung Brajamusthi | Rôngga Wirasêtika ||

59. Suryanagara Pugêr Dipati | lawan Tumênggung Rêksanagara | Samadipura malihe | Wilatikta Tumênggung | Natasingron Kartanagari | Lurah Dêmang Bênggala | nênêm pra tumênggung | ingkang tukang anyêlambrang | ngalang-alang kapitu Pugêr Dipati | wantêr cucut aguna ||

60. tuwin para mantri alit-alit | ingkang darbe kapalan nyadasa | esuk sore ting kalèncèr | yèn dalu pra tumênggung | ngêpung mubêng ngubêngi baris | gêgiro karya gila | anggilani mungsuh | rina tumênggunge bubar | laju gilir para mantri alit-alit | prapta karya asmara ||

25. Asmaradana

1. kunêng malih kang winarni | kumêndur nagri Samarang | Tuwan Baron Hogêndhorop | parentah mring pra bupatya | pasisir ing bang wetan | bang êlèr kêrig sadarum | kinon bantu maring Jipang ||

2. kumêndur arsa nêdhaki | bantu angawaki yuda | bupati pasisir kabèh | sawusnya [sa...]

--- 32 ---

[...wusnya] tampi parentah | sigra samêktèng wadya | cinatur tuwan kumêndur | wus angirabakên bala ||

3. budhal saking ing Samawis | wadya Kumpêni balabar | prapta ing Dêmak lampahe | kumêndur amatah wadya | drahgundêr pitung dasa | ingkang dharat kalih atus | samya asikêp sanjata ||

4. Mayor Pal ingkang nindhihi | kanthi wadyabala Jawa | pan sakawan bupatine | kang kalih Bupati Dêmak | lan Kudus kalih pisan | parentahira kumêndur | kinèn gitik Garobogan ||

5. bidhal baris kang kinudingtinuding. | kumêndur lajêng mangetan | duk prapta Jipang lampahe | dêdamêl ing Surabaya | Madura sampun prapta | miwah pasisir sadarum | pêpak kumpul anèng Jipang ||

6. gantya wau kang ginupit | nagari ing Surakarta | sri narendra dhawuhake | marang salotêr kapitan | bantu baris Sumêngka | ingkang ngatêr lampahipun | para mantri jro sadaya ||

7. samana kêrigan mantri | gêdhong kalawan kaparak | miwah mantri kadipatèn | ngatêr salotêr lampahnya | wus budhal saking praja | kadi wontên kuda sèwu | Kumpênine pitung dasa ||

8. praptèng tanah Sukawati | salotêr sabalanira | tansah binedhung lampahe | mring sagunging wong padesan | ing kanan kering [ke...]

--- 33 ---

[...ring] marga | pating kalicir tut pungkur | anggêgila tanpa ulap ||

9. lamun dèn aruh-aruhi | dêgsura daluya dadra | barubul prapta rowange | nora ngobêri wong liwat | alase awoh jaran | giyuh ing tyas kang lêlaku | rêriwuk samarga-marga ||

10. lamun linawan ngoncati | laju salotêr lampahnya | ngampiri baris Garompol | Tumênggung Kartanagara | sawadyabalanira | ingajak ngalih angumpul | anèng barisan Sumêngka ||

11. Tumênggung Kartanagari | pêparentah marang bala | bubarkên baris Garompol | budhal tan winarnèng marga | praptane ing Sumêngka | salotêr kapanggih sampun | lawan Balangkêr Kapitan ||

12. miwah kang para bupati | wus agung baris Sumêngka | sami sirna prihatine | salotêr tampi parentah | Kumpêni saking Jipang | kinon angatêrna mantuk | kumêndur wus anèng Jipang ||

13. baris anèng desa Gêrit | wong Madura Surabaya | kumpul nèng Gêrit barise | salotêr apirêmbagan | Blangkêr kinèn ngatêrna | Kapitan Bêlangkêr mingkuh | miris maras yèn rinampas ||

14. dene Pangran Mangkubumi | muwêr anèng wana Jipang | ing Darapulu barise | salotêr dadya bramatya | pan iku karyanira | iya dudu gaweningsun |

--- 34 ---

ingsun mung bantu kewala ||

15. mungguh ing barisan iki | maksih têtêp wajibira | malah baris ing Garompol | kang ora bisa anunggal | lawan baris Sumêngka | ingsun uwis atêtulung | kumpule lawan Sumêngka ||

16. Bêlangkêr merang mangsuli | iya nanging pra bupatya | iku ingsun gawa kabèh | lan rèh ingsun wong Walônda | sun pinta angatêrna | salotêr sru wuwusipun | ya kabèh gawanên padha ||

17. nadyan mariyême iki | lamun arsa sira gawa | iya ingsun gawakake | pan ingsun môngsa wêdia | amung gêgawaningwang | saka Surakarta iku | wong Jawa miwah Walônda ||

18. mangkana ingkang winarni | Dipati Pugêr kumpulan | lawan pra bupati kabèh | rêmbag sami ngaturana | marang ing gustinira | kang muwêr nèng Darapulu | lan kumêndur jêng-ajêngan ||

19. Dipati Pugêr lingnya ris | kèh Kumpêni saking Sala | punika têlik tuture | arsa budhalan mring Jipang | nanging watara kula | pangeran arsa kinêpung | kumêndur kang saking wetan ||

20. pangeran kula aturi | yèn rêmbag kônca sadaya | pra bupati wangsulane | jumurung mangayu bagya | lingnya Sang Adipatya | Suryanagara sirèku | kang sun patah ngaturana ||

21. kondur marang Sukawati | samar

--- 35 ---

sun kumêndur prapta | dene ingkang kapindhone | ingsun iki tômpa layang | saka Pangeran Rôngga | pradikan ing Kadilangu | nêdya seba mring pangeran ||

22. jêng gusti dipun aturi | nyuwun patêmon nèng Kampak | kang kinon sandika ture | sigra budhal saha bala | satus kang kêkapalan | kang dharat mung pitung puluh | kêkalih banderanira ||

23. ing marga datan winarni | lampahe Suryanagara | wus prapta pabarisane | kagyat sami pinariksa | katur Suryanagara | kang prapta sabalanipun | sigra kinèn nimbalana ||

24. Suryanagara wus prapti | anungkêmi ngaras pada | wotsari dêkung ature | gusti paduka ngaturan | abdi dalêm pun bapa | kondura ngilèn pukulun | pangeran alon ngandika ||

25. iya kaya priye adhi | sun lagi ayun-ayunan | lan Si Kumêndur Hondhorop | tur sêmbah ingkang liningan | Kumpêni ing Sumêngka | sampun kathah bantunipun | kawarti badhe mangetan ||

26. paduka arsa dèn supit | lan abdi dalêm pun bapa | ing mangke tampi sêrate | Kadilangu Pangran Rôngga | lamun parêng ing karsa | sêdya sowan jêng pukulun | wontên kiwa têngên Kampak ||

27. jêng pangeran ngandika ris | iku wajib tinurutan |

--- 36 ---

trah guru ana kajate | sigra dhawuh asamêkta | ngungkung têngaranira | budhal saking Darapulu | wus kêbut sawadyabala ||

28. sigêgên ingkang lumaris | gantya ingkang cinarita | kadi sarêng lampahane | ginanti dhapuring kôndha | santana Surakarta | Pangran Silarong ranipun | lolos saking jroning praja ||

29. nêdya dhatêng ing Matawis | tinulak Jayawinata | dadya mangetan lampahe | ngungsi maratuwanira | Dipati Panaraga | pinurih ngadêgna ratu | dyan dipati anggraita ||

30. dudu sêdyane wong iki | daya kalamun bagusa | kudu madêg narakatong | dyan dipati tan darana | pangran cinêkêl sigra | kinintunkên mring kumêndur | ingkang baris anèng Jipang ||

31. pinusara cindhe abrit | sapraptanira ing Jipang | katur Kumêndur Hondhorop | kang baris grit bumi Jipang | Pangran Silarong sigra | cinangkalak ing pring wulung | ingkang sakempol gêngira ||

32. sawusira dèn prantèni | wau kang dadya lêlaran | sira Pangeran Silarong | anèng sajroning barisan | ing Gêdhong dunungira | jawining pintu kumêndur | antara ari pangeran ||

33. saking putêk tyas ngranuhi | dadya ngrêbut kris Makasar | kang jaga lajêng pinopor | nulya katulungan kathah | pinoporan [pino...]

--- 37 ---

[...poran] kewala | sedane wontên ing ngriku | ginêbugan ing sanjata ||

34. sinarèkakên ing Giri | kumêndur parentahira | kunêng malih winiraos | Balangkêr wus budhal enjang | saking baris Sumêngka | bupati kang ngatêr laku | Dyan Arya Mlayakusuma ||

35. Mangkupraja lawan malih | Dyan Tumênggung Wiraguna | Natayuda kalimane | Dyan Tumênggung Wiradigda | Tumênggung Kartadipa | myang Ônggawôngsa Tumênggung | Tumênggung Kartanagara ||

36. drahgundêre kang umiring | satus patang puluh kèhnya | tri atus cacah dharate | ya ta wau lampahira | Kumpêni lan pangeran | anangana. ing wana kapêthuk | rame prang sami pangarsa ||

37. dêdêr-dinêdêr agênti | pra Bupati Surakarta | prasamya ngawaki kabèh | Tumênggung Kartanagara | Tumênggung Wiradigda | lan Ônggawôngsa Tumênggung | Wiraguna Natayuda ||

38. miwah ingkang para Mantri | Kaliwon Kartanagaran | sami bapang pangamuke | Ngabèi Tambaknagara | arine Tambakbaya | dadya pramukaning pamuk | datan nêdya gumingsira ||

39. Bupati ing Sukawati | sira Radèn Tambakbaya | duk umiyat ing arine | ambapang pangamukira | nyimpang tan nêdya lawan | pra bupati kancanipun | mire anut Tambakbaya ||

--- 38 ---

40. wadya lit anut bupati | pangiride ing prang sêmpal | mênawa dudu tangguhe | jêng pangeran anut nyimpang | giwar amrih kang lêga | wus dhadhal sawadyanipun | anggubêd prapta ing wuntat ||

41. dadya wus samya lastari | kang ngulon miwah kang ngetan | kadya sêsimpangan bae | tan ana ingkang kacurnan | sami rahayunira | pangran lajêng têdhakipun | tanah Sukawati prapta ||

42. makuwon ing Rajêgwêsi | ngasokakên wadyabala | Surakarta winiraos | kangjêng ratu ibu seda | sawusnya paripurna | pirantining layon laju | budhal saking Surakarta ||

43. sinarèkkên ing Magiri | rèhning pra bupati jaba | samya nèng lurugan kabèh | bupati kang ngatêr lampah | kalih jêro sadaya | Gêdhong kiwa kanthinipun | bupati kaparak kanan ||

44. mangsuli ing Sukawati | pangeran têdhak ing Kampak | wit nèng kono samayane | rawuhipun jêng pangeran | Pangran Rôngga wus prapta | wusnya panggih pêrlunipun | ngaturakên arinira ||

45. Dyan Sutajaya wêwangi | nêdya labuh baya pêjah | tinampan ing suwitane | lajêng kinulawisudha | nama Pangeran Rôngga | ingkang raka sinung juluk | Pangran Rôngga Baledawa ||

46. jêng pangran wus ngidul malih | angetan anjog Majênang | nèng Kêbonagung [Kê...]

--- 39 ---

[...bonagung] makuwon | andangu baris Sumêngka | matur kang pra bupatya | pun salotêr kang atunggu | Balangkêr kang dhatêng Jipang ||

47. sigra dhawuh ngalèncèri | sabên enjing mring Sumêngka | kasaru têlik praptane | tur uning kalamun arsa | linarag ing Walônda | ingkang baris Dêmak sampun | bidhal saking Lajêr desa ||

48. pangeran sigra ngundhangi | arsa mapagakên yuda | bupati tinilar kabèh | mung kêkalih kang binêkta | Brajamusthi kalawan | Suryanagara Tumênggung | wusnya samêkta gya budhal ||

49. mangalèr wus nabrang wukir | Kêndhêng lampah gêgancangan | para mantri pangajênge | wus kapêthuk lawan mêngsah | sami jawi kewala | Bupati Dêmak lan Kudus | ingkang anindhihi bala ||

50. para mantrine pangarsi | sigra dènnya campuh yuda | bêdhil-binêdhil arame | Tumênggung Suryanagara | angamuk saha bala | Bupati Dêmak kaburu | angungsi ing wurinira ||

51. Bugis Bali gya nulungi | Tumênggung Suryanagara | sinôngga prange kapêngkok | kacêkuthak gulagêpan | binendrong ing sanjata | dadya pangamuke kundur | anggubêd angering nganan ||

52. jêng pangeran maksih têbih | kagyat miyarsa sanjata | wadya pangarsa ge-age | matur yèn Suryanagara | sampun acampuh

--- 40 ---

yuda | ananging kawratên mungsuh | dadya mundur sabalanya ||

53. laju anggubêt wanadri | nèng kanan keringing mêngsah | sigra pangran timbalane | kabèh bocah jêjaranan | padha tinggalên ingwang | têtulunga dèn agupuh | Si Adhi Suryanagara ||

54. kumrutug kang para mantri | lajêng mangsah anyêkuthak | wong Bugis Bali ambendrong | Tumênggung Suryanagara | gya mêdal saking wana | laju mangsah ngamuk punggung | sawadyanira kotbuta ||

55. mungsuh kisruh morat-marit | akèh rêbah kasulayah | Suryanagara pamuke | salin waos kaping tiga | satus Bugis Makasar | ingkang pêjah dipun amuk | Tumênggung Suryanagara ||

56. prajurit drahgundêr prapti | angêdrèl Suryanagara | wus sayah ewah gêlare | Pangran Sukawati prapta | lan Bali kawan dasa | ingabên dharat wus campuh | jêng pangeran tumut dharat ||

57. arucat busana Jawi | mangagêm cara Makasar | kadya Dhaèng lamun tinon | wus momor bala kang dharat | wong Bali kawan dasa | dupi miyat gustinipun | krura mangkrak anglir yêksa ||

58. kang katrajang tumpês tapis | kabarubuh ting jalêmpah | pangran nindhihi wurine | datan têbah atut wuntat | Bali pêjah satunggal | têtiga kang sami tatu | wuru ngamuk lan curiga ||

59. sayah samya [sa...]

--- 41 ---

[...mya] sambat gusti | gusti kula nyuwun toya | cinarita pangerane | nalika prang sandhing wangan | têdhak angambil toya | winadhahan godhong lumbu | ingombèkakên kang wadya ||

60. wusnya ngombe ngamuk malih | sadangune prang mangkana | kasat matang ing wadyane | pangeran satêngahing prang | angambilakên toya | Suryanagara andulu | têdhak saking kudanira ||

61. nyêlak lajêng dèn dhawuhi | aja sira milu dharat | titihana kudaningong | lan anggonên payung ingwang | sakèhe jêjaranan | aja ura dèn akumpul | pangawat padha undurna ||

26. Durma

1. aja kudu adhi anganggo pangawat | karana rowang kêdhik | tikêl pat kèh mêngsah | mêngko yèn kawênangan | nora nganggo senapati | bakal dèn idak | yèn nganggo senapati ||

2. yêkti ana iya ringganing kang mêngsah | Suryanagara nuli | anitih turènghaturôngga. | ngumpulkên kêkapalan | wus angangge payung kuning | mingêr angiwa | rèrèh amarêpêki ||

3. baris Jawa kang nèng wurining Walônda | obah samya anêbih | wênèh ana ngucap | iku pangeran prapta | kalorop Walônda iki | môngsa wurunga | tumpês dadya cêcindhil ||

4. sapratêlon bala Kumpêni kang pêjah | kapitan angabani | sasesaning [sa...]

--- 42 ---

[...sesaning] pêjah | nêsêk bendrong sanjata | kapitan amistul aglis | mring Carangsoka | nanging tan angênèni ||

5. sigra numbak Carangsoka mring kapitan | buntaring tumbak kontit | sinarêng ungêlnya | pistulipun kapitan | pucuking tumbak kang kêni | putung watangnya | munggèng ngandhaping godhi ||

6. Carangsoka gya ngrukêt narik curiga | goco lambunge kering | kapitan aniba | wus pêjah kapisanan | Carangsoka wuru gêtih | nyuduk anigas | anyundrik angakahi ||

7. Yudaningrat angamuk gya pinoporan | nanging datan ngêmasi | bingung kujèngkangan | prapta Surajênaka | Pulangrêsmi Kartasari | numbak amêdhang | buwang tumbak ngakahi ||

8. Têgal Angun-angun anyandhak Walônda | papat mati kinêris | Barak Prabakesa | pangamuke lir yêksa | sêdhênge amôngsa daging | nyêndhal andhupak | mêdhang ngêris anyundrik ||

9. rame dêdêr-dinêdêr idêr-idêran | angrèp prajurit Bali | kèh kuthah ludira | sira Jayalêksana | palumpate langkung wêgig | kadya sikatan | marwasa nganan ngering ||

10. mung kêkalih Pudhakmiring Jalêksana | ingkang tumbake maksih | wasis aprang tumbak | tan kewran sinanjata | mayor mêdhangi mistuli | Jayalêksana | gya numbak [nu...]

--- 43 ---

[...mbak] saking wuri ||

11. pan karungkêp mayor jinangkah dèn idak | lajêng dipun kakahi | tangane kang kiwa | maksih ngadêgkên tumbak | kang têngên anarik kêris | nyuduk walikat | butul trus jajanèki ||

12. jêng pangeran kopat-kapit sadangunya | dènira angombèni | tan anganggo taha | malah kêrêp senggolan | lan mungsuh wus dèn arani | Kumpêni Islam | wong Makasar lan Bugis ||

13. awit saking busana cara Makasar | kadya Dhaèng pan ardik | malah wong Makasar | siji anjaluk toya | dupi sampun dèn ombèni | mandêng amawas | kagyat lajêng ngrungkêbi ||

14. wus cinandhak sabuke ginawa ngiwa | têluk tur pati urip | pun Sareyan Kisnap | mêngsah pêjah gulasah | tumpês tapis kapalipis | gêmpang suh sirna | pitung dasa Walandi ||

15. Kumpênine Islam kalih atus bebas | amung gêsang kêkalih | katêlu têlukan | satêngahing ngayuda | maring pangeran pribadi | ya ta winarna | sira Pugêr Dipati ||

16. lawan Adipati Dêmak kalih pisan | ngalèr ngetan abaris | anèng ing Malowa | ngadhang Kumpêni Jipang | bok mênawa anêkani | Pugêr Dipatya | dupi miyarsa warti ||

17. yèn pangeran dènnya prang karoban lawan | sigra dènnya dhatêngi | bupati katiga |

--- 44 ---

lampahe gêgancangan | praptane datan mêningi | ramene aprang | mungsuh wus sirna gusis ||

18. Bupatine Kudus Dêmak kalih pisan | kapalajêng kininthil | praptèng kitha Dêmak | maksih pangusirira | lajêng lolos mêdal kali | kitha ing Dêmak | wus sami dèn êbroki ||

19. dene Pangran Tumênggung Gadamêstaka | kidulan kang palinggih | dene kang kalèran | Dipati Suranata | wus lajêng atur udani | mring gustinira | Jêng Pangran Sukawati ||

20. sampun andum jarahan Kangjêng Pangeran | Dipati Sukawati | senapati ing prang | ing pramuka jayèngrat | unggul dènira ajurit | laju budhalan | sawadya datan kari ||

21. lajêng ngidul aminggah ing Kêndhêng arga | sigra dènira ngrakit | karya pasanggrahan | anèng Jakawal desa | samana sampun ingalih | arane desa | winastan Majapahit ||

22. kawuwusa Kumpêni lan pra Bupatya | Surakarta kang maring | ing Jipang wus prapta | lan kumêndur panggihan | tabeyan kang pra bupati | antara dina | Bêlangkêr kinèn mulih ||

23. dèn atêrkên para bupati bang wetan | kalawan para Mantri | Sampang Surabaya | tigang èwu sadaya | liya saking Bugis Bali | tuwin Makasar | miwah Kumpêni putih ||

24. budhal saking Jipang Balangkêr [Balang...]

--- 45 ---

[...kêr] kalawan | sagung kang pra bupati | angilèn lampahnya | wau ta balanira | Jêng Pangeran Sukawati | kanêm punggawa | samya angadhang margi ||

25. anèng wana Darapulu ênggènira | pinarapat kang baris | Tumênggung Jadirja | Rôngga Wirasêtika | Tumênggung Rêksanagari | Ranadiningrat | anyatus kang turanggi ||

26. lawan malih Brajamusthi Brajadênta | sarêng dêdamêl prapti | Darapulu wana | kang kidul gya têngara | bêndhe kukuk sarta bêdhil | kang êlèr munya | kilèn surak ngadhangi ||

27. sarêng obah ingkang êlèr anarajang | ingkang kidul ambêdhil | kang kilèn anêrak | bingung ingkang lêlampah | binêrêk wong Sukawati | prasamya giyak | sirêp binendrong bêdhil ||

28. sampun dangu datan ana kang nyuwara | nulya pating kulicir | lèr kidul lan wetan | punggawane ngatingal | sakêdhap angical malih | dadya sadina | datan bangkit lumaris ||

29. samya rêrêp ing ratri têngahing wana | sadalu kaping kalih | dènnya bêbêdhilan | saking lèr lawan wetan | turanggane dèn malingi | akèh kang kêna | praptane bangun enjing ||

30. atêngara budhalan ingkang lêlampah | dene ingkang anginthil | sami ingajangan | prajurit pinarapat | wong Sampang lawan wong Tubin | wong Surabaya |

--- 46 ---

kang sami anyawisi ||

31. aprang urut marga kalawan sanjata | sagung wadya pasisir | myang wong Sukawatya | dadya tan kêna cêlak | wadya pasisir wus rakit | samya bubuhan | ing têngah lan ing pinggir ||

32. tigang ari lampahe praptèng Sumêngka | duk puniku nujoni | Sumêngka kinêpang | nênêm kang pra bupatya | dupi myat baris gêng prapti | bubar anunggal | punggawa kang ngênginthil ||

33. lajêng campuh rame prang ulêng-ulêngan | bêrêg-binêrêg gênti | sagung pra bupatya | balanipun pangeran | miwah sagung pra Bupati | ing Surakarta | prasamya dèn songsongi ||

34. ngabên bala gumuruh surak gumêrah | rame swarane bêdhil | lir gêlap barungan | mungsuh kalamun cêlak | dèn mriyêm sing Baluwarti | buyar anêbah | yèn kèndêl cêlak malih ||

35. sadina prang dalu mundur sowang-sowang | akathah kang ngêmasi | mungsuh lawan rowang | ing dalu tan winarna | enjinge para Bupati | ing Sukawatya | bubar sawadyanèki ||

36. samya sowan gustinira mring Jakawal | praptane tur upêksi | dènnya ngadhang marga | lan ngaturkên bandhangan | jêng pangran suka ing galih | sigra dhêdhawah | pasanggrahan ingalih ||

37. kidul kali papanipun ragi wiyar | wanane dèn babadi | rinakit kadhatyan | lor alun-alunira | kang kilèn panggonan [panggo...]

--- 47 ---

[...nan] masjid | kang pra bupatya | tata pakuwon sami ||

38. Jêng Pangeran Adipati Sukawatya | senapatining jurit | pramuka jayèngrat | enjang miyos sineba | aglar kang para bupati | ngabèi dêmang | sadaya samya nangkil ||

39. ngadêgakên wong saragni pitung dasa | kang anumbak kapilih | de wong Bali samya | kang cacah kawan dasa | kinarya mantri pinilih | lêlurahira | nama tumênggung kalih ||

40. Carangsoka sinung nama Surajigja | dene ingkang satunggil | namanira lama | Tumênggung Jalêksana | Yudaningrat pan kinardi | Kabayan Barak | sagung mantri pinilih ||

41. sinung lungguh sawah anyalawe cacah | nyatus lêlurahnèki | mawa prajangjian | lagya ngrowangi lapa | iya pirabara benjing | pangran ngandika | mring Pugêr Adipati ||

42. Kakang Pugêr amung rongatus patbêlas | bakal pêpangkon mami | yèn ngawaki yuda | pisah lan pra bupatya | pirabara wuwuh benjing | Pugêr turira | inggih dawêg samangkin ||

43. gantya ingkang cinatur barisan Jipang | Kumêndur ing Samawis | ingaturan wikan | yèn baris Lajêr sirna | Kumpêni atumpês tapis | Bali Makasar | siji tan ana kari ||

44. aprang lawan pangeranipun priyôngga | kagyat duk amiyarsi | kêkês jro tyasira |

--- 48 ---

kumêndur gya budhal tan |budhalan. margi anurut pasisir | kewran ing manah | gambuh ing mungsuh jurit ||

27. Gambuh

1. malih ingkang winuwus | Pangeran Sukawati lagya duk | busanani kang abdi mantri pinilih | Dipati Pugêr tinuduh | utusan akarya pêndhok ||

2. pêndhok bunton mas sêpuh | anêlung reyal ing wawratipun | sabuk cindhe kang padha jalamprang abrit | pinaring reyal rongèwu | Dipati Pugêr turnya lon ||

3. yatra pundi puniku | Jêng Pangeran Sukawati muwus | picis saka Surabaya Sawunggaling | sira tômpa têlung èwu | dhingin ana ngarsaningong ||

4. Pugêr matur gumuyu | kula maksih rimat kalih èwu | reyal saking pun Dipasana ing Tubin | sawêg kalong tigang atus | kula damêl tumbas bêstrong ||

5. punika mawon cukup | tinumbaskên ing busananipun | abdi dalêm prikônca mantri pinilih | pangran mèsêm ngandika rum | sukur kalamun mangkono ||

6. nanging kakang dèn gupuh | Dipati Pugêr sigra anuduh | mring Samarang tumbas cindhe sangkêlat brit | pêndhok mas mring Pathi Kudus | sigra umêsat kang kinon ||

7. tan lami praptanipun | katur samêkta panganggenipun | wus katonton pelag panganggening abdi | sangkêlat sragêninipun |

--- 49 ---

ananging kotang kemawon ||

8. wolung dasa cêcênthung | panumbake wolung dasa tlakup | pinilihe samya udhêng sutra kuning | wèh asri lamun dinulu | jêng pangeran ngandika lon ||

9. hèh kakang pra tumênggung | prajurite lamun ingsun dulu | maksih wor suh panganggone durung bêcik | balane siji tumênggung | dèn padha sanadyan bagor ||

10. kalamun gênêp satus | yêkti pelag mêdèni dinulu | nanging kakang sun dhingin ingkang ngalahi | picis kang rongèwu iku | apa gawene nèng kanthong ||

11. êdumên pra tumênggung | kanggo busanani balanipun | adipati matur gih punika pikir | gumêlar kang katon mungsuh | aywa nglingsêmi pun Dhaplok ||

12. sigra binage sampun | reyal rongèwu mring pra tumênggung | wus waradin tinumbaskên badhe lurik | ingkang samya warninipun | sabên tumênggung tan awor ||

13. kunêng gantya kawuwus | lampahira Hondhorêp Kumêndur | kèndêl Pathi myarsa Dêmak ana baris | kêkalih bupatinipun | ingkang sami tunggu êbrok ||

14. nama Pangran Tumênggung | Gadamêstaka sabalanipun | satunggile Suranata Adipati | Bupati Dêmak nèm sêpuh | tinimbalan Hogêndhêrop ||Hogêndhorop.

15. dyan tumênggung tinantun | mapag yudane kalih tumênggung | bupatine [bu...]

--- 50 ---

[...patine] Jêng Pangeran Sukawati | Martanagara sumaur | tuwan kula matur ewoh ||

16. kang dados èwêdipun | dene pangeranipun sok namur | tumut aprang momor wadyabala alit | amanganggê cara batur | puniku tuwan kang ewoh ||

17. kumêndur asru bêkus | bapak jirih tur agêng aluhur | angluwihi Pangeran Amangkubumi | Martanagara sumaur | nadyan gêdhe-gêdhe gombong ||

18. bêndarane dèn mungsuh | pan botên ilok tuwan kumêndur | Tuwan Hogêndhorêp asru briga-brigi | de ngaku bêndara mungsuh | wong iki mêngko dèn kêthok ||

19. gumêr kang pra tumênggung | Martanagara maksih umatur | kadipundi tuwan ugêr para gusti | dene tuwan dika niku | mung bandara akon-akon ||

20. guguk tuwan kumêndur | si bapak iki banjur nyêruduk | nora wirang wus dhaplok pêrangan wêdi | Citrasoma dipun gupuh | dika têr mulih Si Dhaplok ||

21. kalih Dyan Arya Kudus | bupati papat wus tandhingipun | kula ingkang mêmanuki anèng wuri | dika mangkat sesuk esuk | dèn sami aprang rêrêmpon ||

22. ing dalu tan winuwus | enjing budhal ingkang munggèng ngayun | Citrasoma Arya Kudus kang nisihi | drahgundêr ing wurinipun | sèkêt nanging êlêt adoh ||

--- 51 ---

23. Bupati Dêmak sampun | myarsa lamun mungsuhe arawuh | gya têngara Suranata Adipati | tuwin Pangeran Tumênggung | Gadamêstaka mirantos ||

24. wontên wong pitung atus | kang kapalan cacah kalih atus | ingkang dharat pan sampun campuh ing jurit | wong Japara nunjang purun | bala ing Dêmak atanggon ||

25. bêdhilira gumrudug | wong Dêmak kurang sanjatanipun | amung gagah kaconggah ngumbar kuwanin | wau pangeran tumênggung | tansah aprayitnèng kewoh ||

26. mungsuh wuri kèh rawuh | pra prajurit ing Kudus barubul | angêbyuki wong Dêmak karoban tandhing | dadya gêlarira kuwur | amundur-mundur sinêrot ||

27. nulya prapta drahgundur | kagyat wong Dêmak ingêdrèl purun | bubar larut sasaran tan môngga pulih | Suranata alon mundur | kanthi kang jaranan golong ||

28. lan Pangeran Tumênggung | Gadamêstaka lèrèh lumaku | sigra kumpul oncat saking ing nagari | wus kabrokan kithanipun | samya kèndêl nèng Gêgodhong ||

29. ngidul kêdhik jog timur | sigra nuduh caraka tur wêruh | mring Pangeran Adipati Sukawati | senapatining prang pupuh | pramuka jayèng palugon ||

30. duta umêsat sampun | prapta Jakawal laju umatur | lamun Dêmak mangke kancikan Kumpêni |

--- 52 ---

pun tumênggung nyadhong dhawuh | wontên ing timur angantos ||

31. pangran duk tampi atur | nuduh bantu bupati têtêlu | Jayadirja Suryanagara Suwandi | Dyan Rôngga katiganipun | kanthi Dêmang Natasingron ||

32. Ngabèi Jayèngranu | lawan Dêmang Têgal Angun-angun | sarêng budhal kawan atus kang turanggi | dharat wontên pitung atus | lampah gancangan mangalor ||

33. ing marga tan winuwus | lampahing baris wus praptèng Timur | panggih lawan Suranata Adipati | tuwin Pangeran Tumênggung | Gadamêstaka tur wartos ||

34. paraning rèh kang patut | lampah paduka kinèn bêbantu | dêdê sanggan ing mangkê kumêndur prapti | nèng Dêmak sawadyanipun | para bantu muwus alon ||

35. milane kinèn bantu | nagari Dêmak ingkang rinêbut | dede pabên kumêndure anênggani | alah dawêg sami mundur | dede tandhing dede bobot ||

36. laju prasamya wangsul | praptèng Jakawal sigra umatur | langkung agêng ing Dêmak mangke kang baris | kumêndure ingkang rawuh | wontên ing Dêmak makuwon ||

37. pangeran ngandika rum | lah iya iku dudu mungsuhmu | balik sira kang padha angati-ati | bok muring-muring kumêndur | wadyane aprang lan ingong ||

38. nèng Lajêr akèh lampus | iya lamun [lamu...]

--- 53 ---

[...n] nêdya malês ukum | Si Dipati Suranata aja mulih | sutaningsun Si Tumênggung | Gadamêstaka mangkono ||

39. kawuwusa kumêndur | sêdyanira lami dènnya tunggu | kitha Dêmak kasaru caraka prapti | Petor Samarang kang nuduh | pêrlu angaturi wêroh ||

40. yèn wontên idlèr rawuh | Jakup Mungsêl dinuta gurnadur | kanthi sêrat kumêndur sigra ngundhangi | bubarkên wadya sadarum | lampah dharat amangalor ||

41. ing marga tan winuwus | praptèng Samarang sira kumêndur | kang pustaka binuka sinuksmèng galih | mungêl idlèr ingkang rawuh | ambêkta sutane wadon ||

42. tinarimakkên kumêndur | lawan tinuduh ambangun rêmbug | aprakara Pangran Arya Mangkubumi | yèn maksih kêna dèn êlus | kabranange satriya nom ||