Sastra Jawa

Program Digitalisasi Sastra Daerah

  • Increase font size
  • Default font size
  • Decrease font size

Babad Giyanti, Budi Utama, 1916-18, #982 (Jilid 3/1)

Katalog:Babad Giyanti, Budi Utama, 1916-18, #982
Sambung:
1.Babad Giyanti, Budi Utama, 1916-18, #982 (Jilid 1/1). Kisah, Cerita dan Kronikal | Babad Giyanti #1082.
2.Babad Giyanti, Budi Utama, 1916-18, #982 (Jilid 1/2). Kisah, Cerita dan Kronikal | Babad Giyanti #1083.
3.Babad Giyanti, Budi Utama, 1916-18, #982 (Jilid 2/1) . Kisah, Cerita dan Kronikal | Babad Giyanti #1084.
4.Babad Giyanti, Budi Utama, 1916-18, #982 (Jilid 2/2) . Kisah, Cerita dan Kronikal | Babad Giyanti #1085.
5.Babad Giyanti, Budi Utama, 1916-18, #982 (Jilid 3/1) . Kisah, Cerita dan Kronikal | Babad Giyanti #1086.
6.Babad Giyanti, Budi Utama, 1916-18, #982 (Jilid 3/2) . Kisah, Cerita dan Kronikal | Babad Giyanti #1087.
7.Babad Giyanti, Budi Utama, 1916-18, #982 (Jilid 4/1) . Kisah, Cerita dan Kronikal | Babad Giyanti #1088.
8.Babad Giyanti, Budi Utama, 1916-18, #982 (Jilid 4/2). Kisah, Cerita dan Kronikal | Babad Giyanti #1089.

Sêrat Babad: Surakarta Ingkang Katêlah Dipun Wastani Babad Giyanti Mawi Sêkar Macapat.

Anyariyosakên lêlampahanipun: Kumpêni Walandi, Karaton Surakarta, Ngayogyakarta, tuwin Mangkunagaran. Babon asli saking suwargi Radèn Tumênggung Yasadipura, pujôngga ing Karaton Dalêm Surakarta Adiningrat.

Kacithak saha kawêdalakên dening Namlosê Penutsêkap Budi Utama ing Surakarta, taun Je: 1846, taun Walandi: 1917.

Jilidan ôngka: III.

--- [2] ---

...

--- 3 ---

Punika candhakipun buku jilidan ôngka: II.

DurmaTeks asli: Sêkar Durma.

110. sri narendra dangu baris ika sapa | lun-alun wetan iki | kang dinangu nêmbah | inggih abdi paduka | Sindurêja Adipati | lawan ri tuwan | Pakuningrat kang baris ||

111. tiyang gandhèk sigra kinon dhawuhêna | ajênge ponang baris | gandhèk nulya mêsat | andhawuhkên timbalan | baris majêng winatawis | mung gangsal tindak | tan purun majêng malih ||

112. dhinawuhan majêng malih rambah-rambah | mopo datan lumaris | mung kèndêl kewala | giris miris umiyat | solahe wong Sukawati | anglandhak tumbak | wantêr prawirèng jurit ||

113. wali-wali timbalan dalêm sang nata | nanging tan mobah mosik | mêngsah rame surak | kang anèng lor Kauman | dèn mariyêm saking loji | nanging tan kêna | surak awanti-wanti ||

114. baris dhadha mèpèt jaroning kadhatyan | kukuk surak gêtêri | samya giyak-giyak | Ranggawirasêtika | kalawan Suryanagari | tênaganira | anglêlanangi bumi ||

115. yèn cinôndra lir wong agung Parangteja | eca dènnya sêsirig |

--- 4 ---

anèng têngah marga | sarwi angikal watang | sinambi nindhihi baris | tanpa rêringa | karyèbat kang ningali ||

116. Dyan Tumênggung Jayadirja munggèng dhadha | ngadhangkrang dèn payungi | nèng marga prapatan | kidul wetan Kêmlayan | kanthine nindhihi baris | Dyan Pusparana | ugi dipun payungi ||

117. wontên sèkêt pangayape Jayadirja | Pusparana kang ngiring | cacah tigang dasa | kang anama pangayap | surak giyak wanti-wanti | pangawat kiwa | kang lèr kukuk ngajrihi ||

118. sri narendra kèmêngan maras jroning tyas | swara gora mranani | mariyêm Walônda | tan bisa nyirêp surak | malah sora gêgirisi | swaraning surak | awor swaraning tangis ||

119. Pangran Sukawati angangsêg kadhatyan | têdhak saking turanggi | saya mawurahan | puyêngan wong sapraja | wadya kang baris ing Gadhing | giris tumingal | matur malêbèng puri ||

120. dene mêngsah solahe kagila-gila | mudhun saking turanggi | samya nyèrèt tumbak | cinêkêl godhinira | tinon dahat gêgilani | pating jalemprak | lir buta môngsa daging ||

121. wus pinarak kilèn pojok jaro gènya | Pangeran Sukawati | magêrsari ngayap | kiwa têngên ampilan | turôngga kinarung ngarsi | ragi keringnya |

--- 5 ---

wadyanira kang sami ||

122. anjêjêgi jaro ana ngoyag-oyag | kalih dasa watawis | pra mantri kaparak | tindhih kaliwonira | lan mantri karaton sami | nadhahi ing prang | nèng lêbêt jaro panggih ||

123. sami sumbar-sumbaran payo mêtua | payo malbua aglis | payo kêthèk desa | gênjik lutung manjinga | ing kene ingsun tadhahi | kumaruk padha | anyingkur tunggak sêmi ||

40. Pangkur

1. wau ingkang para Dêmang | Sukawati kang winor wong pinilih | dêmang ing Soka Jêngkilung | Dêmang Gonggang Dhalungan | dêmang ing Sribahu lan dêmang ing Mungkung | lawan Dêmang ing Padonan | miwah Dêmang Gondhangrawi ||

2. Dêmang Kumêndhêng kalawan | Jatitêngah lan Dêmang Rajêgwêsi | dêmang ing Tambak Tênewung | lan Dêmang Imalodra | Dêmang Pujanggêni lan Guntur Barubuh | sami matur mring gustinya | gusti amba mit ngêmasi ||

3. asêsêk talingan amba | dèn wus-uwus kêthèk ing Sukawati | gênjik desa lutung gunung | dènnya umatur samya | majêng ngilèn angungkurkên mêngsahipun | alon dènira ngandika | Jêng Pangeran Sukawati ||

4. hèh ta mêngko-mêngko bocah | aja gugup satêngahing ajurit | apa ta babak kupingmu | wus jamak ing ayuda | sawêtune kang ndêladag ing tyasipun | angolok-olok [ango...]

--- 6 ---

[...lok-olok] sêsumbar | aja ta sira ladèni ||

5. dèn ayêm sajroning aprang | kawruhana pati wus marêpêki | dèn eling madhêp Hyang Agung | kang sumbar ika Gêrba | ingsun ora pangling ing suwaranipun | bocah gêcul cilik mula | lonyote ginawa mati ||

6. nulya wontên duta prapta | saking Jayadirja mantri kêkalih | dêmang ing Bulu Kumêndhung | Dêmang Endra sumêngka | nêmbah matur abdi dalêm pun Tumênggung | Jayadirja tur uninga | lamun raka padukaji ||

7. miyos ngawaki ngayuda | sampun munggèng ing pagêlaran gusti | botên kathah abdinipun | kalawan putra tuwan | kirang langkung ing watawis kalih atus | kang abdi nuwun parentah | jêng pangeran ngandikaris ||

8. warahên Si Jayadirja | dèn akukuh yèn kakang prabu gitik | yèn mênêng-mênênga iku | ajana kang mangrêmpak | lan Si Suryanagara warahên gupuh | caraka tur sêmbah mêsat | wus têbih nitih turanggi ||

9. Anandêr mring Sêcayudan | praptanira katur sadaya sami | kang timbalan gustinipun | sawusnya lajêng sigra | marang gène kang pangawat kiwanipun | Anandêr tan dangu prapta | barise Suryanagari ||

10. andhawuhakên parentah | lamun kangjêng sri narendra miyosi | arsa mapaga ing pamuk | wus anèng pagêlaran |

--- 7 ---

kinèn sami kèndêla ajana magut | yèn pinukul dèn apanggah | Dyan Rôngga lawan Suwandi ||

11. sigra mêdhun saking kuda | sinongsongan munggèng ngajênging baris | kang caraka sampun mundur | cinatur sri narendra | abdi dalêm kaparak ingkang tinuduh | Macalang alon turira | dhuh gusti sri narapati ||

12. ing mangke rayi paduka | rawuh ngrampit Pangeran Mangkubumi | pojok jaro kilèn kidul | sang nata angandika | dudu yayi êmas Si Suwandi iku | pun Garba mantri kaparak | lêlurah ing Sorogêni ||

13. nêmbah Warêngkêng turira | môngsa dadak pandunga amba gusti | dhatêng ing rayi pukulun | wus lênggah sinongsongan | kinêbutan saking kanan-keringipun | ampilanipun bêlabar | titihanipun turanggi ||

14. kinarung ing ngarsanira | dipun ayap dhatêng wong magêrsari | èmêng ngandika sang prabu | bêndhe apa wus munya | matur dèrèng sampun adangu kinutug | budhal saking panangkilan | kapêthuk pra mantri prapti ||

15. matur gusti rayi tuwan | Jêng Pangeran Mangkubumi angrampit | jaro jinêjêgan purun | pra abdi dalêm têlas | kêdhik ingkang anadhahi yudanipun | amung pun Surakartika | kalawan Nitinagari ||

16. lajêng angilèn sang nata | gêgêd waja biru netyaniraji |

--- 8 ---

jroning tyas dahat margiyuh | lurah èstri sadaya | samya sambat anangisi sang aprabu | dhuh gusti sami emuta | paran dadine puniki ||

17. dhuh gusti mugi emuta | yèn kêkadang sampun makatên gusti | adhuh gusti adhuh-adhuh | wimbuh ribêng narendra | Wôngsaniti donga wurine sang prabu | amuji lam tarabias | rowange samya nimbangi ||

18. prapta kilèn Suranatan | ragi kidul wêwurungan sitinggil | katon kang lagya don pupuh | dêdêr dinêdêr samya | Dêmang Surakartika sarowangipun | karbin patbêlas waosnya | nêmbêlas cêmêng kaèksi ||

19. Tumênggung Nitinagara | sarowange panèkêt para mantri | panalawe panêlung jung | wau Ki Singasuta | wadya Singanagara lungguh têlung jung | angamuk wus katadhahan | para Dêmang Sukawati ||

20. kinarocok mungsuh kathah | Kyai Singasuta wus angêmasi | kinrubut kunarpa ajur | wonge Surakartika | mapan jaga nèng jaro kang bêdhah wau | pinilih arsa manjinga | jaro bêdhah wus dèn goni ||

21. bature Surakartika | numbak mantri pinilih kang yun manjing | gya mundur bêdhahan gupuh | tinutupan wus wêtah | Dêmang Surakartika ngandikan gupuh | Sêlotêr banderanira | sumusup songsongiraji ||

--- 9 ---

22. sang nata asru ngandika | hèh ta Gêrot sakarine Kumpêni | kang tan lumajar mung kantun | rolas undangên kêbat | Twan Kapitan Salotêr nambungi wuwus | iya iridên sadaya | rumêksaa jaro iki ||

23. Mas Dêmang Surakartika | nêmbah mentar datan adangu prapti | sareyan salèr wus tumut | Kumpêni kalih wêlas | lampahira ririh mêndhak mundhuk-mundhuk | praptèng pinggir jaro mêndhak | atrap bêdhil ngincêng jawi ||

24. mantri pinilih myang dêmang | katon samya linggih ngarsaning gusti | tarap waose pinangku | tan langkung kalih dasa | gya binêdhil saking jro jaro kadhatun | kalih wêlas sarêng munya | nging tan ana kang ngênani ||

25. wusnya muni kang sanjata | wong Kumpêni samya lumayu gêndring | kinon wangsul datan purun | obat mimis binuwang | sarwi ngucap iya dudu tandhing ingsun | apranga lan sutèng raja | ya iku kang payung kuning ||

26. dadya tan kenging ngabêna | saanane wadyabala Kumpêni | kang wus dèn bêburu esuk | duk aprang nèng Kaleca | dadya sami Jawa kewala kang tangguh | arame tantang-tinantang | ana kang bêdhil-binêdhil ||

27. dangu-dangu jaro lêsah | songsongira pangeran nulya kèksi | dening kangjêng sang aprabu | songsonge sri narendra | katon [kato...]

--- 10 ---

[...n] saking pangeran panggènanipun | ngunandika sri narendra | abot sinôngga ing jurit ||

28. apa ta ngêntasi karya | ariningsun Adhi Mas Mangkubumi | durung ilang pupukipun | dene wus duwe tôndha | kadange kang tuwa-tuwa padha cubluk | paran ta dadine benjang | lêlakone Mangkubumi ||

29. solah bawaning ayuda | wong ing Mangkubumèn sayêkti kèksi | dening kangjêng sang aprabu | kacarita dènnya prang | awit enjing tabuh wolu ngrampitipun | ing mangke wus tabuh rolas | Ki Becak tinabuh muni ||

30. angungkung ngayuh ngawiyat | kumandhange kadi ngorêgna bumi | alon ngandika sang prabu | ayo bocah suraka | jêng pangeran myarsa Ki Becak munya sru | swara ngungkung nèng awiyat | wadya Sukawati tintrim ||

31. dhasare wus dangu aprang | sayah miwah sru kalimput ing agni | pangran gya ngundhangi mundur | mring sagung wadyanira | kang nèng dhadha myang pangawat kiwanipun | sadaya wus dhinawuhan | kinèn samya mundur aris ||

32. jêng mangeran mundhut kuda | mèsêm sarwi angandika mring abdi | payo bocah padha mundur | anêmêni Ki Lurah | lajêng nitih wau ing turangganipun | sêsirig pun Banyakmodang | ginarêbêg magêrsari ||

33. sarêng dhadhal lan pangawat | kilèn Kadipala mangalèrnèki |

--- 11 ---

tata rèrèh lampahipun | bandera warna-warna | kadya ngiring kang maspadakakên laku | pra abdi dalêm kaparak | panèwu kalawan mantri ||

34. kang dadya juru macalang | lèr Garêmêt wangsuling para mantri | pangeran sarawuhipun | Kadarèn masanggrahan | Pangran Mangkunagara saunduripun | saking prang nusul kang rama | ing Kadarèn dènnya panggih ||

35. pangran lan para bupatya | sami matur satingkahing ajurit | kang putra ragi sinêndhu | dene kabêrêg yuda | kurang rikat katêlompèn gêlaripun | lajêng sami pirêmbagan | amrih pakantuking jurit ||

36. ingkang putra nuwun lilah | amatrapi dhatêng kang rayi-rayi | ingkang kantun karyanipun | miwah dhatêng kang uwa | Pangran Suryadikusuma kalihipun | ingkang Paman Buminata | tiga Pangran Singasari ||

37. kang rama lon dhawuhira | patrapana nanging aja nêmêni | kapokna bae karuhun | sira balia ngetan | ingsun kulup mulih mring Jakawal dhusun | yèn wus aso banjur ingwang | marang tanah ing Pasisir ||

38. sawusnya dadi kang rêmbag | kang pinatah amrih kobèt ing jurit | nèng Têgarèn kalih dalu | enjang sarêng bubaran | ingkang rama ngalèr kang putra mangidul | Pangeran Mangkunagara | ing dhusun Tulas [Tu...]

--- 12 ---

[...las] wus prapti ||

39. masanggrahan tigang dina | ingkang rayi kêkalih sami prapti | miwah kang uwa wus rawuh | Surya Adikusuma | pan ingantêp kiyai timbalanipun | sapa pangidhêpanira | aja ngrêribêdi bumi ||

40. kiyai ngrampit nagara | sun timbali sira tan ana prapti | lamun têtêp dadi mungsuh | ingsun kinèn gêcêka | pra pangeran têtiga ngaturkên dhuwung | sakalangkung tobatira | datan purun malih-malih ||

41. dhuwung linajêngkên sigra | ingaturkên mring Pangran Sukawati | katiga samya tinundhung | wau para pangeran | samya pamit wangsul maring Gunungkidul | pangeran apaparintah | maring wadya sawatawis ||

42. kinon karya pasanggrahan | anèng dhusun Sunggingan kang prayogi | pangran sigra budhal laju | ngetan dhatêng Gumantar | kunêng gantya winuwus kang baris mungkung | Sakèbêr lan Pringgalaya | myarsa nagari dèn rampit ||

43. dalu-dalu bêbodholan | samya mantuk dhatêng ing praja malih | pinêthukakên ing mungsuh | ratri nèng wana Sraya | dadya nabrang ngilèn ingkang baris agung | anjog kèndêl Kapanasan | dènira apacak baris ||

44. wau ta Kangjêng Pangeran | Sukawati ing Jakawal wus prapti | wêwêlutan lampahipun | têntrêm ing Sukawatya | jajahane mêlar sangsaya [sangsa...]

--- 13 ---

[...ya] angidul | ing Jatisari kaidak | nungkul marang Sukawati ||

45. Sakèbêr lan Pringgalaya | langkung sami kucêm dhatêng sang aji | lami dènira kêkuwu | anèng ing Kapanasan | yata bayar Sakèbêr maring wong dhusun | kinon nuduhkên gènira | Pangeran Mangkunagari ||

46. kang pasthi ênggone lama | kacarita Pangran Mangkunagari | antara ing kawan dalu | anglêlarag mangun prang | ngidak dhusun kidul praja prapta esuk | kadhang prapta wanci asar | ngobongi kidul nagari ||

47. Makuwon ing Paserenan | amakuwon Baki myang Jatisari | wadya Surakarta bingung | mangkana Kapanasan | Mayor Kèbêr lan mantrimuka wus rêmbug | arsa tinukup pangeran | mamrih sirnèng dhandhanggêndhis ||

41. Dhandhanggula

1. Mayor Kèbêr milih pra bupati | ingkang badhe ginawa anglarag | anukup ing panggonane | pangran dènnya kêkuwu | Wiradigda ingkang pinilih | Tumênggung Cakrajaya | lawan malihipun | Tumênggung Kartanagara | Kartadipa myang Tumênggung Rajaniti | miwah Yudanagara ||

2. pitung puluh drahgundêr dèn irid | kalih atus Bugis Balinira | prajurit Jawa kathahe | wontên turôngga sèwu | ari Ngahad Wage ing sasi | Ruwah ping gangsal wêlas | mangkat dalu-dalu |

--- 14 ---

anjujug ing Paserenan | nanging pangran sawadyane sampun sêpi | lajêng dhatêng Gumantar ||

3. pan saratri dènira lumaris | wanci wijiling baskara prapta | surak gumuruh sarêng drèl | pangeran langkung gugup | abusêkan pating jalêrit | kang têbih asamêkta | Sakèbêr têtulung | rame riwut lêng-ulêngan | kantun kêdhik pangeran wadyanirèki | wit kathah kang kesahan ||

4. nuju gêrah pangeran kang swami | pangran samêkta sacandhakira | garwa kinèn nyingkirake | ginendhong gamêlipun | kudanira dipun kambili | gugup asalang tunjang | kuda nama Daru | kêkapa sarwa kancana | sigra nitih turôngga pangeran kanthi | abdi jalu lêlima ||

5. kumpul samya nanggulang ing jurit | liya punika kawur sarsaran | ura anèng wana bae | Sakèbêr prapta nubruk | asru dènnya ambendrong bêdhil | pangran anjog jêjurang | Kumpêni amuwung | pangeran turangganira | pun Andaru krubuhan kuda sing nginggil | tiba katiban kuda ||

6. pangran dadya dhawah kajumpalik | Mayor Kèbêr mistul mung sapisan | njêngêr anon ing solahe | pangeran narik dhuwung | imbanira kasrèmpèt kêris | mijil rah tibèng jaja | nolih arsa kiwul | mèh ingacaran curiga |

--- 15 ---

Mayor Kèbêr rowange agunganggung. bondhèti | dèn pinrih lumajara ||

7. pangran mire jurang ngiring-iring | barangkangan langgênan gandhewa | kudane tinilar bae | praptane nginggil pangguh | lan mantrine lêbêt satunggil | aran Jayaprameya | turanggane katur | Jayaprameya anulya | kudanira kancane kang dèn tumpaki | lajêng samya angetan ||

8. amung êlêt ing wana Sakêlir | wus kapêthuk lan Kudanawarsa | tigang dasa kapalane | lajêng ngalèr katêmu | ingkang garwa lan para sêlir | pangran asrêp ing driya | dunya tan kaetung | Sakèbêr marêm jarahan | pan akathah mungsuhe tan dèn rawati | turôngga kang sarwa mas ||

9. lan dandanan kapraboning jurit | kathah kêni Sakèbêr sadaya | miwah ta pakinangane | sarwa kancana sêpuh | anggalênggêm Sakèbêr nuli | ngatag para bupatya | budhalan mangidul | ngilèn anjog Pasunggingan | pakuwoning pangeran kang dèn parani | tinêngga ing punggawa ||

10. pangagênge tumênggung kêkalih | Mangunjaya lan Suradigdaya | Ki Rôngga Panambangane | Dhandhang Môndhalika wus | myarsa warta sigra angrakit | samêkta ing ayuda | kuda pitung atus | wau Sakèbêr lampahnya | tan kawuwus ing marga sawusnya prapti |

--- 16 ---

sawetan Pasunggingan ||

11. sigra bêndhe tumênggung kêkalih | datan nyana lamun mungsuhira | ewon Jawa pangajênge | sagêbragan amêthuk | rame dènnya bêdhil-binêdhil | anulya ingoncatan | lumayu mangidul | binujung sampun angilang | pasanggrahan Sunggingan têlas binasmi | Sakèbêr lampahira ||

12. lajêng ngalèr ngrêrayah samargi | urut Pedan Kalêpu myang Wôngga | Drêsanan Dlanggu praptane | ing Panasan wus dalu | gantya wau ingkang winarni | têlike Sang Dipatya | Pugêr kang tut pungkur | Sakèbêr salampahira | laju mantuk mring Jakawal sampun prapti | tur uning sang dipatya ||

13. nulya katur Pangran Sukawati | Mayor Nukup mring Mangkunagara | pangran ngundhungingundhangi. balane | kang badhe kinèn bantu | ingkang kalih môngka pangirid | Rôngga Wirasêtika | kalawan Tumênggung | Suwandi Suryanagara | kang ngabên prang Bupati Balora kanthi | Warung Sela Panolan ||

14. kuda dhomas wus budhalan aglis | gantya Pangran Amangkunagara | kang mlampah ngatêr swamine | nèng Matesih sadalu | radèn ayu gêrah panastis | mila lampah lon-lonan | nèng Ngablak kapêthuk | bêbantu saking Jakawal | jêng pangeran sigra dènira dhawuhi | maring kapat punggawa ||

15. gangsal atus [a...]

--- 17 ---

[...tus] wadya kang turanggi | kinon ngatêrakên garwanira | mring Jakawal ngondurake | kuda kang tigang atus | Rôngga lawan Radèn Suwandi | binêkta mring pangeran | awangsul mangidul | lajêng ngilèn lampahira | pangran sampun mangsit bupati kêkalih | arsa mring Jatisêkar ||

16. awit wong ing desa Jatisari | kang anuntun Sakèbêr lampahnya | mring pangeran panukupe | wau sapraptanipun | sakathahe wong Jatisari | kang lanang cinêkêlan | catur kang linampus | pinanjêran sirahira | anèng Tunggon wong wadone dèn boyongi | amale jinarahan ||

17. sagung wisma samya dèn bêsmèni | gêmpur tumpur dhusun Jatimalang | wusnya pangeran karsane | wong sajarahanipun | pinartiga pandumirèki | rong duman katur marang | kang rama puniku | Pangeran Mangkunagara | mung saduman amêndhêt satus pribadi | kalih atus kang rama ||

18. Pangran Mangkunagara lingnyaris | Paman Rôngga man Suryanagara | niki wong gêdhe dosane | lamun kiyai dangu | panukupe Sakèbêr wêngi | iku kang awèh marga | mangkana wus kondur | pangeran marang Gumantar | kang punggawa kêkalih mring Sukawati | ngiringkên bêboyongan ||

19. Jatisari pan wus dèn tanêmi | dening rôngga aran [ara...]

--- 18 ---

[...n] Sêcadirja | lan kinèn anêlukake | dhusun ing Palur Jurug | saurute acungan sami | mangkana wus karupak | ing jajahanipun | nagari ing Surakarta | Totlomondo lan sang nata asung tulis | mring kumêndur Samarang ||

20. duk praptane nawalaning aji | tuwan kumêndur prihatin dahat | nagri pasisir horêge | dening warta misuwur | yèn pangeran ing Sukawati | badhe karsa cangkrama | saprajuritipun | kasukan êrah myang sirah | mila obah sagung bupati pasisir | tur uning mring Samarang ||

21. twan kumêndur sigra marentahi | mring bupati pasisir sadaya | yèn arsa ngawaki dhewe | angadu usaripun | nanging jro tyas dahat prihatin | ruwêt rêntênging karsa | ketang purwanipun | dadya kumêndur utusan | mring Batawi ngatas karsaning radpêni | kumêndur amung nyarah ||

22. gantya cinatur nagri Matawis | Jawinata mirong maksih sasap | ingkang dadya ing purwane | dene myarsa pitutur | ing wartane bumi Matawis | kasuwun Pringgalaya | ingkang tigang èwu | pinaringkên sutanira | ingkang nama Mas Komploh arsa kinardi | Bupati ing Mataram ||

23. sakantune pan maksih lêstari | maring Tumênggung Jayawinata | pan amung sèwu cacahe | makatên badhenipun | karsanira [kar...]

--- 19 ---

[...sanira] sang nindya mantri | parentah dèrèng babar | wartane wus umyung | dadya Jawinata kagyat | gya samêkta gêgaman kaprabon jurit | susah ing tyas barusah ||

24. Jawinata panyiptaning galih | samangsane dhawuh kang parentah | sami sadina balike | ambêbêg wong Matarum | ya ta malih ingkang winarni | Pangeran Sukawatya | ngundhangi wadya gung | nutugakên karsanira | acangkrama dhatêng nagari pasisir | bupati kang tinilar ||

25. têngga pakuwon ing Sukawati | têtindhihe Pugêr Adipatya | Ranadiningrat kanthine | lan Jadirja Tumênggung | Pusparana ing Jagaragi | Tumênggung Brajadênta | lan Tumênggung Warung | dene kang dhèrèk Pangeran | Sindusastra Somadipura akanthi | Bupati ing Balora ||

26. Natasingron miwah Brajamusthi | Suryanagara lawan Dyan Rôngga | ingkang dadya pangiride | ingkang môngka panganjur | lampahira sagunging baris | Dipati Suranata | Pangeran Tumênggung | Gadamastaka samana | wus anêmbang têngara budhal kang baris | saking dhusun Jakawal ||

27. wontên kalih èwu kang turanggi | kawan dasa cacahing bandera | kalih gôngsa Carabalèn | katiga Monggangipun | kêndhang gonge sarunèn siji | tamburipun sadasa | bèri bêndhenipun |

--- 20 ---

inggih prasamya nyadasa | tan winuwus ing marga Dêmak wus prapti | Kudus Pathi kajangkah ||

28. gantya cinatur Sang Adipati | Pringgalaya lan PèbêrKèbêr. miyarsa | lamun pangeran samangke | èstu andon anglurug | maring nagri tanah pasisir | baris ing Kapanasan | sigra dènnya kêbut | mayor lawan sang dipatya | sawadyane budhalan lajêng nututi | alampah gêgancangan ||

29. drahgundêre kinon andhingini | malih cinatur nagri Samarang | wusnya atas pamyarsane | wau tuwan kumêndur | yèn Pangeran ing Sukawati | mring pasisir andon prang | anulya anuduh | Bupati nagri Samarang | kinon mapag yuda akanthi Bupati | Kaliwungu myang Kêndhal ||

30. kawarnaa Pangran Sukawati | wus ambêdhah Kudus Pathi praja | mung Japara mapagake | mêdal sing prajanipun | Citrasoma sapraja kanthi | katur marang pangeran | yèn Jêpara mêthuk | gènya pacak barisira | pêcak sawêt têbihe saking nagari | Dyan Rôngga gya dinuta ||

31. lawan Tumênggung Suryanagari | amukula baris ing Jêpara | sigra budhal sabalane | mung kuda tigang atus | prajurite punggawa kalih | datan dangu katingal | barisaning mungsuh | nèng kilèn lèpèn Dyan Rôngga | nabrang

--- 21 ---

campuh wong Jêpara ambêdhili | kanthi Bugis Makasar ||

32. punggawa kalih anunjang wani | datan kandhêg binendrong sanjata | baris Jêpara gègère | akathah ingkang lampus | wong Bugise sisaning mati | wingwrin samya lumajar | binujung lumêbu | marang ing loji sadaya | bupatine manjing ing Juwana loji | saanak rabinira ||

33. wong Kumpêni anguluk-uluki | mriyêm saking loji kaping gangsal | punggawa kalih rêmbage | lajêng anulak mundur | dèrèng wontên timbalan malih | anggitik ing Juwana | mila sami mundur | Dyan Rôngga Wirasêtika | Dyan Tumênggung Suryanagara wus prapti | ngaturakên bandhangan ||

34. angandika Pangran Sukawati | Adhi Suryanagara kayapa | ing loji Juwana kiye | pangungsèn pra tumênggung | lan Bupati Kudus ya maksih | nèng Mayong durung têbah | saka prajanipun | umatur Suryanagara | baris Mayong botên pantês dipun galih | amung loji Juwana ||

35. pan sumôngga ing karsa upami | jêng paduka tan arsa ambêdhah | sumingkir ajrih yudane | akêdhik labêtipun | ing prang tuwan anampik loji | baris Mayong punika | Bupati ing Kudus | ing mangke amba kèngkènan | lamun amba pribadi nistha ing jurit | mêngsah gêrèh lumahan ||

--- 22 ---

36. samya gumujêng kang pra bupati | langkung sukane Kangjêng Pangeran | Suwandi mêtu sanggupe | nulya parentah sampun | nak-sanake kalih tinuding | aran Côndrakusuma | Wôngsasuma juluk | amung prajurit sawidak | praptèng Mayong rame campuh ing ngajurit | kalih bupatinira ||

37. datan tahan ing pamuk nadhahi | sami dhadhal Kudus kalih pisan | gugup akèh bandhangane | ngungsi dhatêng parau | wangsulira santana kalih | tur wikan wus kaplajar | bupati ing Kudus | bandhangan katur sadaya | langkung suka Kangjêng Gusti Sukawati | Suwandi tinarima ||

38. dahat gawok sagunging bupati | dene Tumênggung Suryanagara | asipat ing pangucape | pangeran budhal gupuh | marang Mayong kang dèn sanggrahi | tilas barisanira | bupati ing Kudus | ing ratri apirêmbagan | enjangira dènnya arsa mukul loji | ing Juwana punika ||

39. kang rinêmbag prayogining jurit | nênggih wontên têlik tur uninga | yèn cacahe Walandine | mung tigang dasa pitu | pan kalêbêt kêstabêlnèki | bugise pitung dasa | inggih botên langkung | wondene barise Jawa | gangsal atus bupati tiga tan luwih | Tuwan Petor Juwana ||

40. winginipun sampun angusungi | brana arta binêktèng baita | mangke [mang...]

--- 23 ---

[...ke] wus winangsulake | dhatêng loji sadarum | dipun kintên botên dhatêngi | inggih têdhak paduka | pangran ngandikarum | yèn kaya mangkono benjang | iya adhi payo padha angawaki | saananing bupatya ||

41. ajana kang nganggo Saragêni | kang adharat gawa tumbak pêdhang | hèh Suryanagara kowe | pangawat têngênipun | sira Rôngga pangawat kering | ngong dadi lurah numbak | ing dhadha gon ingsun | sapa dadi sulih ingwang | nitih kuda nganggo upacara mami | bupati ingsun gawa ||

42. milu namur wong panumbak sami | nanging adhi iya aja cuwak | ing ngayuda sasêdhênge | misih akèh ing pungkur | pagaweyan kang dèn lakoni | upama nyuru jênang | kang apanas iku | ywa sêlak arêp kewala | dene ririh ubêngana urut pinggir | aja anyuru têngah ||

43. suwe-suwe pan adhêm pribadi | iya mangkono wong bôndayuda | wus akèh lêluwangane | wong unggul pêrang iku | mungsuhe wus akèh ngêmasi | kang kari mung sapala | binêrêg sinêlud | ingamuk tan nganggo taha | wong wus unggul praptane don asor malih | yèku prang luwih nistha ||

44. pan ing ratri rêmbage wus dadi | enjang têngara dènnya budhaladbudhalan. | saking ing Mayong angkate | balakuswa anggrêgut |

--- 24 ---

panganjure pra dêmang sami | marga anjog Juwana | kang bala panganjur | pra sami angrayah Cina | Cina bandar kagègèran pothar-pathir | dungkap praptèng Juwana ||

45. jêng pangeran wus matah sêsilih | kang kinarsan Dyan Wôngsakusuma | lan Suwandi nak-sanake | salin busananipun | sinung ngangge agêming gusti | saupacaranira | dalah kudanipun | sira Dyan Wôngsakusuma | wus anitih turôngga asongsong kuning | mimba kangjêng pangeran ||

46. ginarêbêg ing wong magêrsari | dene Pangeran nèng ngarsa têbah | lurah numbak panggonane | ing Juwana winuwus | apan sampun miyarsa warti | yèn pangeran wus bidhal | sing sanggrahanipun | arsa anggêcak Juwana | gya miranti rêmbage malangatèni | mêgatsari wacana ||

47. hèh ta Citradiwirya bayèki | dudu pangerane kang anglarag | iya mung Suwandi bae | iku nak-sanak ingsun | nora sae ngladèni jurit | marga wêwatêkira | cilik mula gêcul | dèrèng tutug arêrasan | pacalange praptane pating karêmpis | sarwi jingga nonoman ||

42. Durma

1. mantri ingkang macalang asru turira | suwawi dèn unduri | nyêlak bètèng pisan | mêngsah wau angkatnya |

--- 25 ---

sami bêkta prabot ngrampit | linggis lan ôndha | manawi mbêbayani ||

2. dèrèng dugi wau dènnya pirêmbagan | kasêlak mungsuh prapti | ingkang kêkapalan | nunjang sarwi nanjatanyanjata. | wong Pathi samya nadhahi | bendrong sanjata | mungsuh angidak wani ||

3. sampun mawur baris ing Pathi sasaran | lumêbèng ing jro loji | bupati kalihnya | Citradiwirya lawan | Radèn Arya Mêgatsari | Petor amapag | manjing mring bètèng loji ||

4. Petor ngucap tuwan dhua jangan susah | apa ta Mangkubumi | tidhak kalihatan | brani pelor Olandha | tan adangu mungsuh prapti | surak agiyak | kukuk sarwi ambêdhil ||

5. ingkang payung kuning gène maksih têbah | samana wong Kumpêni | mriyêm dèrèng munya | pijêr ngawaskên mêngsah | jêng pangeran angabani | prajuritira | amuk angrangsang biting ||

6. ragi Bali ijo nyampinge pangeran | kincecongkinencong. cawêt aglis | anoncong talêmpak | Radyan Suryanagara | wus ambuwang waosnèki | anarik pêdhang | tumèmpèl baluwarti ||

7. Rôngga Wirasêtika wus narik pêdhang | gugup wadya Kumpêni | drèle tuna dungkap | mriyême datan angsal | mantri pinilih ngandhani | Suryanagara | pan sampun [sa...]

--- 26 ---

[...mpun] praptèng nginggil ||

8. kêstabêle pinêdhang têtiga pêjah | mriyême dèn tunggangi | Rôngga sampun minggah | kathah kang para dêmang | angrèp sami ngrangsang biting | otêr puyêngan | ing jro tindhih-tinindhih ||

9. Bugis Bali bingung prange tan karuwan | tunjang-tinunjang gênti | dènnya kalêbêtan | mung lima ambêg pêjah | ing wuri akèh nututi | Kumpêni kathah | kamuk balasah mati ||

10. kang lumajar arsa mêdala ing lawang | Pangeran Sukawati | anglandhak talêmpak | bapang têngahing lawang | anêrak Kapitan Bugis | mèh tinalêmpak | têluk angrungkêp siti ||

11. gya cinandhak lambunge kinèn ngadêga | pangeran ngandikaris | sakèh rowangira | kang têluk kaya sira | tanggungên yèn kongsi mati | kapitan nêmbah | ngundhangi rowangnèki ||

12. Tuwan Petor bingung minggah mènèk ôndha | gêbyur jaganging loji | tambuh solahira | busêkan yêl-uyêlan | prajurit wus kathah manjing | pan kabrojolan | kalih Bupati Pathi ||

13. mung Ngabèi Juwana ingkang kacandhak | saanak miwah rabi | kantun dènnya oncat | marma kathah kang gagal | sarêng wus malêbèng loji | prajurit kathah | melik barana sami ||

14. rêbut dhucung dènnya angambil barana | kathah

--- 27 ---

tur adi-adi | reyal anyar-anyar | kêton talèn rupiah | abyor bêlasah nèng siti | gêrobog pêcah | ginandhèn dèn wadungi ||

15. sinjang kêling balasah mawarna-warna | Pangeran Sukawati | lênggah pêthi brana | prajurit lagi prapta | tan wruh lamun gustinèki | pangran jinêngkang | pangran kagyat anolih ||

16. wadya ingkang jêngkangkên lajêng lumajar | ana kang prapta aglis | arêbut jarahan | saking gunging barana | ing nagri Juwana alit | mung sèwu cacah | Dêmak nêmèwu sami ||

17. lan ing Pathi cacahipun kapat bêlah | èwu nora nimbangi | kalawan Juwana | gungipun kang barana | wit kathah ingkang dhatêngi | pra among dagang | saking liyan nagari ||

18. sawusira têlas dènira jêjarah | pangeran nulya mijil | tata pasanggrahan | nèng wisma kabupatyan | nagri Pathi dèn tanêmi | pinara tiga | ingkang nyèwu kêkalih ||

19. ingkang nyèwu Rahadèn Wôngsakusuma | lan Mangunjaya sami | kinulawisudha | jinunjung saking ngandhap | ingangkat pangkat bupati | sêbutanira | radèn tumênggung sami ||

20. ingkang sèwu limang atus sutanira | Mangunonêng ing nguni | nama Dyan Undhakan | tigang kamataraman | Radèn Tumênggung kêkasih | Mangunkusuma | katri Bupati Pathi ||

--- 28 ---

21. ing Juwana pinarapat karsanira | Sumêngit kang sapalih | sinung nama Dêmang | inggih Jayanagara | Purbayuda kang nisihi | sêbutan Dêmang | Purbalêgawa wangi ||

22. kang sapalih pinalih pranakan Cina | nama pun Dêmang Sisih | satunggal winastan | inggih Dêmang Sapanjang | ing Kudus kang dèn paringi | rong èwu pisan | Radèn Suryanagari ||

23. wusnya lami pangeran anèng Juwana | wontên sadasa ratri | Bugis bêbandhangan | pan tigang dasa gangsal | tinantun tumut ngêmasi | saparanira | tan nêdya pisah gusti ||

24. kapitane karan Kapitan Juwana | pinatah andhingini | maring Sukawatya | ngantukakên barana | reyal jarahaning loji | loji Juwana | dadya rolas turanggi ||

25. saturôngga amot rolas èwu reyal | kanthinira lumaris | Kapitan Juwana | lan bupati satunggal | ing Warung ingkang tinuding | ngantukkên arta | dhatêng ing Sukawati ||

26. pra Bupati sadaya sami utusan | ngantukakên pra sami | arta jêjarahan | mangkana jêng pangeran | budhal marang Mayong malih | sabalanira | rêmên papan prayogi ||

27. Mayong tumut bumi Kudus duk samana | lagyantuk tigang ratri | têlik aturira | Sakèbêr Pringgalaya | wontên ing Tanjung samangkin |

--- 29 ---

wus tigang dina | inggih gènipun prapti ||

28. arsa jujul dhatêng ing lampah paduka | wontên kang dipun anti | Kumêndur Samarang | bêkta Walandi usar | usare sampun dhingini | wontên ing Dêmak | kumêndur dèrèng prapti ||

29. ingkang ngirid pun Rôngga Tisnawijaya | pangeran ngandikaris | paran budinira | Adhi Suryanagara | muwah ta Rôngga sirèki | kalih tur sêmbah | inggih lamun suwawi ||

30. rêmbagipun pra abdi dalêm sadaya | prayogi andhingini | baris Tanjung ingkang | sampun prapta cinacak | pangran panuju ing galih | sigra têngara | tambur bêndhe tinitir ||

31. budhal saking Mayong kang wadya gumêrah | gantya ingkang winarni | ing Tanjung barisan | Sakèbêr Pringgalaya | sawusnya miyarsa warti | Kumpêni usar | prapta saking Samawis ||

32. arsa jujul ing lampahira pangeran | kang anèng Mayong baris | Sakèbêr kalawan | sira sang mantrimuka | matah prajurit kang kari | Kumpêni dharat | lawan para bupati ||

33. prajurite Kumpêni dharat tinilar | satus lan pra bupati | nênêm sawadyanya | Tumênggung Mangkupraja | Wiraguna lawan malih | Kartanagara | miwah Yudanagari ||

34. Cakrajaya Dyan Tumênggung Natayuda | amung kang para mantri | ing Kartanagaran |

--- 30 ---

tindhih kaliwonira | kang pinêthil dhèrèk sami | mring mantrimuka | dene para bupati ||

35. kang kinanthi anggitik barising mêngsah | Tumênggung Rajaniti | lan Dêmang Ngurawan | Tumênggung Wiradigda | Ônggawôngsa lawan malih | Dyan Kartadipa | prajuriting Kumpêni ||

36. kêkapalan drahgundêr satus sawidak | Sakèbêr kang nindhihi | wus nêmbang têngara | bêndhe tambur wurahan | budhalan sagunging baris | sing Tanjung desa | gantya malih winarni ||

37. Kangjêng Gusti Adipati Sukawatya | senapatining jurit | ing Tanjung wus prapta | mêdal sakilèn desa | ngidul ngetan lampahnèki | agêng dhusunnya | mila datan katawis ||

38. dupi prapta sakidul wetaning desa | pangarsa tur udani | yèn mêngsah katingal | Kumpêninipun kathah | giyak sagunging prajurit | sarêng umangsah | ngamuk mantri pinilih ||

39. ngêtap kuda Tumênggung Suryanagara | pra bupati nututi | samya ngêtap kuda | Rôngga Wirasêtika | kang ngajêngkên pra bupati | Suryanagara | nunjang angilês wani ||

40. pothar-pathir kuthèthèran barisira | sagunge pra bupati | ingidak warasan | dadya mawur sarsaran | Kumpêni prang lan pinilih | myang para dêmang | amuk tangkêping jurit ||

41. têtumpêsan Kumpêni [Kumpê...]

--- 31 ---

[...ni] satus wus pêjah | balasah pinggir kali | sagung pra bupatya | ingkang samya lumajar | mung badan sapata kari | tilar dandanan | mêngsah suka jarahi ||

42. rêrêmbatan sangu praboting ayuda | kèh warnane kang kèksi | pêthi pinêcahan | êtong mimis myang obat | wontên wong kacandhak urip | kang tinakenan | Sakèbêr anèng êndi ||

43. aturira Sakèbêr kesah anglanggar | lawan sang adipati | pangeran parentah | lah payo nusul mêngsah | gya budhal sagunging baris | sawetan desa | ngalèr kang dèn margèni ||

44. ya ta wau Sakèbêr lan Pringgalaya | anèng salèring dèsi | miyarsa sanjata | kidul wetan prênahnya | nulya kinon mariksaglis | Rônggalêlana | kêkanthi para mantri ||

45. Nandêr ngidul sapraptaning kidul desa | menggok angetan kèksi | bangke ambêlasah | dangu-dangu katingal | lamun bangkening Kumpêni | kang pra bupatya | sawadyane dhuswus. gusis ||

46. nulya wangsul Anandêr Rônggalêlana | matur akêmpis-kêmpis | tuwan katiwasan | sagunging pra bupatya | sagunging bala Kumpêni | têngga rêmbatan | sirna tan wontên kari ||

47. bangke Bugis Makasar katon balasah | dene kang pra bupati | tan wontên katingal | satunggil pan wikana |

--- 32 ---

ênggone botên kadugi | pêjah gêsanga | kagyat duk amiyarsi ||

48. lajêng nambur Sakèbêr angangah-angah | Nandêr mangidul sami | praptèng kidul desa | anon bangke balasah | rêmbatan wus sirna gusis | Kumpêninira | satus tan kari siji ||

49. langkung gawok dene kathah pra bupatya | nora katêmu siji | Sakèbêr saksana | lan sagung pra bupatya | lajêng amangetan ririh | baris tinata | tan dangu wus kaèksi ||

50. Pangran Sukawati angantosi mêngsah | nèng têgal dènnya rakit | ngara-ara jêmbar | barise sampun tata | dhadhane mantri pinilih | pangawat kanan | Radyan Suryanagari ||

51. ingkang kiwa Dyan Rôngga Wirasêtika | pangeran andhadhani | Kumpêni barisnya | gêlar wulan tumanggal | baris Jawa lan Kumpêni | ing Surakarta | tikêl tiga watawis ||

52. balanira pangeran karoban lawan | kukuk wong Sukawati | drahgundêr drèlira | sapisan sinusupan | rame têmpuhing ajurit | ulêng-ulêngan | awor asilih ungkih ||

53. Dyan Ngabèi Tambaknagara palastra | kaliwon ing Panumping | Walandi sakawan | litnan ingkang palastra | Sakèbêr kiwul mapulih | panyakotira | nêdhas lambenirèki ||

54. gobrah-gobrah [go...]

--- 33 ---

[...brah-gobrah] kadya buta amêmôngsa | rukêt ingkang ajurit | apêdhang-pinêdhang | ana tumbak-tinumbak | ana kang bêdhil-binêdhil | ana curiga | rame rok silih ungkih ||

55. sira Landrop Alpèrès tinumbak kêna | mung lapaking turanggi | mring Jayaprabawa | lajêng narik curiga | ginoco alpèrès mati | pun Japrabawa | tinumbak saking wuri ||

56. mring Tumênggung Wiradigda kapisanan | sigra Suryanagari | angrukêt anumbak | Tumênggung Wiradigda | kaplêsat kudane kêni | kapa ngiringan | lêlèpèn pêdhot kalih ||

57. mèh pinindho Suwandi anggigit waja | mati mêngko wong iki | nulya katulungan | dene Kapitan Barak | pan sakawan rowangnèki | Suryanagara | kinêpung dèn kapati ||

58. mung kudane Suryanagara kang pêjah | mêdhun saking turanggi | wuru pamukira | awor malih kalingan | drahgundêr mêngkap anuli | mayor tan kêndhat | pêdhange mobat-mabit ||

59. jêng pangeran anon wadya kang nèng dhadha | katon sayah ing jurit | wêlas jêng pangeran | sigra mundur lon-lonan | dupi miyat nganan ngering | pangawatira | Suryanagara maksih ||

60. miwah Rôngga dèrèng uwal pamukira | pangeran wangsul malih | angamuk manêngah |

--- 34 ---

saking ramening aprang | pêpati sungsun atindhih | mungsuh lan rowang | nulya wau kang prapti ||

61. Radèn Ayu Adipati Pringgalaya | ginarêbêg prajurit | kapal tigang dasa | sarwi asongsong pêthak | pangrasane kang miyarsi | panguwuhira | hèh kulup Mangkubumi ||

62. kabangêtên babo nyawa solahira | nora angeman pati | bok uwis elinga | aja kaliwat-liwat | myarsa Pangran Sukawati | mundur sawadya | lajêng kasaput wêngi ||

63. nanging rêmpu pangeran prajuritira | anglês bala Kumpêni | êpur têgêsira | Sakèbêr alon mojar | pigimana dyan dipati | tuwan pangeran | singgah dhimana nanti ||

64. anauri Adipati Pringgalaya | têmtu dhêkêt dhi sini | adha di bêrangkas | bukak pakaian kudha | Mayor Sakèbêr ngling malih | saya mêlihat | têmên atinya kêcil ||

65. anauri Adipati Pringgalaya | kêndhati kêcil ati | asal jangan saya | dhèngên soldhadhu Blandha | Sakèbêr asru ambêkis | Iya Olandha | yang takut ati abis ||

66. mari ini malêm juga baik brangkat | pêrgi dhi Dêmak nêgri | wanci bakda ngisa | saking Tanjung budhalan | desa kang kamargan sami | samya ngobongan | minôngka tuduh margi ||

67. kacarita Tumênggung Suryanagara |

--- 35 ---

dalu-dalu kêkambil | marga têlikira | sampun atur uninga | lamun rêmbaging Kumpêni | budhal mring Dêmak | kèndêl Tanjung tan wani ||

68. tinakènan mring kancane pra bupatya | dalu-dalu mring pundi | Suwandi saurnya | arsa gusah Walônda | nèng Tanjung iku nyukêri | Sakèbêr miwah | Pringgalaya Dipati ||

69. amung kuda salawe wus budhal sigra | kang kantun matur gusti | yèn Suwandi nglarag | pangeran angandika | hèh Rôngga paran pawarti | rônggatur sêmbah | wau amba takèni ||

70. dalu-dalu dene ngêngapani kuda | rencangipun nauri | lamun arsa nglarag | Sakèbêr dipun gusah | tan purun angajak gusti | dhatêng kawula | myang kônca pra bupati ||

71. prajurite botên binakta sadaya | mung salawe piniji | ingkang amiyarsa | samya gumuyu suka | wau lampahe wus têbih | Suryanagara | mèh anyandhak kêkinthil ||

72. wontên ingkang kantun bala Ônggawangsan | para mantri kêkalih | cacah kalih dasa | kang samya kêkapalan | cinêgatan dèn lancangi | datan anyana | lamun mungsuh nglancangi ||

73. gya sinapa kagyat mantri kalihira | wus nyana jroning ati | yèn Kangjêng Pangeran | Sukawati priyôngga | dene warnane apêkik | busana mubyar | pan dadya têluk [tê...]

--- 36 ---

[...luk] aris ||

74. wusnya angsal kuda cacah kalih dasa | bêndhènira tinitir | baris gêng angira | baya sinusul marang | Jêng Pangeran Sukawati | lampah gancangan | Suryanagara bali ||

75. sapraptane bêrangkas gawok sadaya | sagunge pra bupati | praptanira kathah | bandhangane turôngga | angsal bandera sasupit | katur pangeran | suka adhandhanggêndhis ||

43. Dhandhanggula

1. Mayor Sakèbêr myang nindya mantri | miwah sagung kang para bupatya | sadalu ribêt lampahe | enjang ing praptanipun | anèng Dêmak samya kapanggih | lawan kang kapalajar | sagung pra tumênggung | nanging pisah lawan bala | duk tumpêse prajurit dharat ing nguni | mawur arêbut gêsang ||

2. Radyan Tumênggung Kartanagari | miwah Tumênggung Yudanagara | Tumênggung Natayudane | Mangkupraja Tumênggung | lawan Rêksapraja Ngabèi | Tumênggung Cakrajaya | majêgan sadarum | Kandhuruhan miwah Ngayah | lan ing Panjêr Pamêrdèn Dhaluhur Pasir | Kalibêbêr Trêsana ||

3. amung badan sapata kang kari | sakalangkung sami kawlasarsa | Sakèbêr dahat ngungune | gèdhèg sarwi amuwus | nyata abot Amangkubumi | jinurung ing Hyang Suksma | prabawane luhur | dene tan ora kayaa | janma ewon sirna [sir...]

--- 37 ---

[...na] kamanungsanèki | paran dadine benjang ||

4. Mayor Pèbêr sampun apêpanggih | lawan mayor usar têtabean | miwah para kapitane | ing rêmbag dadosipun | twan kumêndur ingkang dèn anti | lan sagung wadyanira | kang para tumênggung | kang pisah dèrèng angêmpal | sêdhêng ngumpul lawan nêntrêmakên pikir | sagung kang rusak ing tyas ||

5. kawarnaa Pangran Sukawati | senapati pramuka jayèngrat | sampun budhal sabalane | arsa kondur mangidul | kang tinilar nèng Kêndhêng sami | Dipati Suranata | myang Pangran Tumênggung | Gadamêstaka kalawan | tiga pisan bupati nagri ing Pathi | lan pra Dêmang Juwana ||

6. samya wontên timur dènnya baris | padhusunanira nagri Dêmak | wau pangeran kondure | ing Jakawal wus rawuh | eca manahira wadya lit | kang putra tinimbalan | duta mangkat sampun | ingkang mangkat ing Gumantar | Pangran Mangkunagara pan sampun kerid | sapraptaning Jakawal ||

7. kuda pitung atus kang umiring | wau pangeran atur pranata | ingaras bun-êmbunane | wusnya tata alungguh | nunggil lawan Pugêr Dipati | pangran dhawuh nalika | prang Juwana Tanjung | malah kongsi pitung dina | nèng Jakawal Pangeran Mangkunagari | kunêng malih winarna ||

8. Kumêndur [Ku...]

--- 38 ---

[...mêndur] Ondhorêp Dêmak prapti | panggih Pèbêr tinanggap tuturnya | ing prang sasolah bawane | gèdhèg dahat anjêthung | twan kumêndur duk amiyarsi | Sakèbêr aturira | têlik gya dinangu | pamanggèning Jêng Pangeran | matur lamun wus kondur mring Sukawati | anèng dhusun Jakawal ||

9. amung para bupati pasisir | têtanêmane pangran sadaya | wontên ing timur barise | kumêndur rêmbagipun | Mayor Pèbêr kinèn anganthi | sagung prajurit usar | anusula mungsuh | anggêcak ing Sukawatya | saparane Pangeran ing Sukawati | kinèn ngungsir kewala ||

10. wusnya dadi dènnya gunêm pikir | badhe anglut marang Sukawatya | Kumêndur Dêmak wangsule | sagung kang pra tumênggung | miwah sira Sang nindya mantri | lan kumêndur tabean | sarêng budhalipun | kang mantuk maring Samarang | kang angetan sagunging baris Kumpêni | miwah kang pra bupatya ||

11. barisan timur kang dèn ampiri | bubar ngawêt nanging nora bisa | cara Pajang Matarame | mung sadina katutuh | nora luwês olahing jurit | dadya golong lumajar | angungsi mangidul | gantya malih kawuwusa | Jêng Pangeran Adipati Sukawati | kang lagya pagunêman ||

12. lan kang putra miwah pra bupati | ingkang amrih jêmbaring jajahan |

--- 39 ---

ing ayuda mrih kobète | nuntên kang pra tumênggung | ingkang sami tinilar nguni | punggawa pasisiran | kang baris ing timur | Adipati Suranata | Pangran Gadamastaka myang pra bupati | Pathi DêmangDêmak. Juwana ||

13. sami prapta umatur ing gusti | yèn Sakèbêr sampun binantonan | rongatus usar cacahe | samya Kumpêni jitus | mangkya sampun budhalan sami | mangidul arsa gêcak | paduka pukulun | jêng pangran alon ngandika | hèh ta kulup paran prayoganing pikir | iya apa pinapag ||

14. dimèn wêruh tangkêping ajurit | sun cobane si Kumpêni usar | kang putra gondhèl ature | saking pamanggih ulun | prayogine dipun oncati | margi abdi paduka | sangêt sayahipun | pangran kèndêl tan ngandika | ngêningkên tyas cipta mêlêng mring sawiji | narawang datan samar ||

15. mangke kêdah kèndêl magut jurit | dèrèng môngsa angantêpa yuda | pangran alon timbalane | iya wus bênêr kulup | Kakang Pugêr ngetana benjing | kulup sira ngidula | yèn wis katon mungsuh | angalor ngulon manira | rêmbag wusnya dadi sigra angundhangi | nyingkirakên para dyah ||

16. gya budhalan sagunge pra èstri | bupatine kang dhèrèk pangeran | amung sakawan cacahe |

--- 40 ---

myang pasisir sadarum | ya ta datan kawarnèng ratri | enjing têngara budhal | dadya pinartêlu | ingkang mangilèn pangeran | jog Majênang mangalèr sawadyanèki | lan mungsuh saliringan ||

17. mungsuh nabrang kidul Kêndhêng prapti | pangeran nabrang lèr Kêndhêng prapta | awêwêlutan lampahe | wong pasisir kang nungkul | kèh cinêkêl maring Kumpêni | Dipati Suranata | Pangeran Tumênggung | Gadamastaka kalawan | Dyan Tumênggung Pathi katiga dhingini | prapta nagaranira ||

18. Pangran Adipati Sukawati | sampun prapta talatah ing Dêmak | lawan sagung prajurite | lajêng mring Kadilangu | amundhut mring Pangeran Wijil | kadangipun sajuga | de pangeran durung | darbe abdi kawijilan | sawêg saking Karanggan marma ing mangkin | ywa tanggung adarbeya ||

19. dadya kang raka Pangeran Wijil | nama Pangeran Wirakusuma | tumut salampah badhene | pan wus binakta sampun | pangran budhal sawadyanèki | wangsul marang ing Dêmak | makuwon ing Gubug | kunêng gantya winursita | Mayor Pèbêr myang Pringgalaya Dipati | miwah Kumpêni usar ||

20. sapraptaning Jakawal wus sêpi | wontên ugi barising kang mêngsah | akathah nanging lumèngsèr | sapalih kang angidul | kang mangetan inggih sapalih |

--- 41 ---

kang tinarka pangeran | Sukawati ngidul | dene mawi songsong jênar | kêkapalan pitung atus winatawis | kang ngetan sami uga ||

21. kang angidul ingkang tinut wuri | yèn binêrêg linawanan yuda | dadya tarung lèrès bae | wau pakuwonipun | ing Jakawal dipun obongi | wus lajêng lampahira | Kumpêni mangidul | kèndêl wau pangungsirnya | pan kasaput ing dalu makuwon sami | wontên Gonggang Dhalungan ||

22. ênjingira pangran sampun têbih | sapraptaning ing Matesih desa | angetan ilang larine | Kumpêni laju ngidul | maring Surakarta nagari | Pèbêr myang Pringgalaya | wau karsanipun | mayor usar lan Kapitan | dimèn sowan ing Kangjêng Sri Narapati | wus praptèng Surakarta ||

23. Oprup Totlomondo wusnya panggih | ingkang sami saking palurugan | lajêng ingirid lampahe | sowan Jêng Sang Aprabu | praptanira kadhaton sami | sawusnya tatabean | lajêng tata lungguh | Sakèbêr lan Mayor Usar | Kapitane kêkalih litnannya kalih | mèsêm suka sang nata ||

24. salamine dèrèng aningali | Kumpêni kang busana mangkana | sangkêlat ijo rokine | samya abrit brukipun | topinira kêkucur sami | pêdhangipun apanjang |

--- 42 ---

ngandika sang prabu | mring Dipati Pringgalaya | ditêmêni yayi êmas Mangkubumi | nganggoa Lônda usar ||

25. Kumpênine usar maksih baris | lèr waringin kêmbar anggêgabag | asri tinon busanane | wus dangu samya mundur | mêdal saking sajroning puri | apan dadi tontonan | usar praptanipun | Mangkuratan Pakubanan | dèrèng wontên Kumpêni ingkang kadyèki | karya ebat kang miyat ||

26. sampun sinung pamondhokan sami | anèng loji sagung Wlônda usar | gantya kang winuwus mangke | kang makuwon ing Gubug | Jêng Pangeran ing Sukawati | budhal ngidul samana | Garobogan rawuh | lajêng ngidul saha bala | marang Sukawati kang dèn pasanggrahi | nèng dhusun Pasumbêran ||

27. Adipati Pugêr nulya prapti | panggih lawan pangran samya suka | anutugakên rêmbage | kintun pustaka ngidul | maring Pangran Mangkunagari | Pugêr atur pariksa | yèn kang rama rawuh | amakuwon ing Sumbêran | lawan kinèn siyaga kaprabon jurit | arsa mukul Mataram ||

28. praptèng Gumantar kang ponang tulis | katur pangran winaos gya budhal | angalor lan sabalane | ing marga tan kawuwus | praptanira ing Sukawati | mring rama ngaras pada | mangusapi lêbu | wus sami atata

--- 43 ---

lênggah | Adipati Pugêr miwah pra bupati | aglar anèng ngayunan ||

29. ênêngêna kang mêmangun pikir | kawuwusa malih Surakarta | Pringgalaya ing samangke | nyiyosakên panyuwun | ing Mataram wus dèn turuti | gandhèk ingkang dinuta | dhawuhkên amundhut | sakathahing bêkêl desa | cinarita sapraptanirèng Matawis | bêkêl datan lênggana ||

30. bêkêl tigang èwu dèn tampani | amung kantun sèwu Jawinata | wau gandhèk saulihe | kadalon lampahipun | Parambanan sipêng saratri | sarêng wus gagat enjang | bêkêl tigang èwu | prasamya minggat sadaya | ana ingkang kari ingandhêg tan kêni | amêksa samya kesah ||

31. nulya wontên dêdamêl kang prapti | tigang atus sami kêkapalan | Jayawinata sutane | Sêcawijaya juluk | lan pulunanira wêwangi | Puspawijaya miwah | juga kanthinipun | lêlurah mantri Mataram | kang anama Surajênggala Ngabèi | praptaning Parambanan ||

32. lan priyayi gandhèk wus apanggih | tuwin priyayi Kapringgalayan | wus sami tata linggihe | Sêcawijaya muwus | kula niki milane prapti | ingutus putrandika | pun rama tumênggung | yèn tan angsala sêsambat | sayêktine pun rama siyos [siyo...]

--- 44 ---

[...s] ambalik | ambêkta wong Mataram ||

33. ingkang wolu likur èwu sami | pan binakta ambalik sadaya | sampun binêbêg samangke | kang liningan sumaur | adhuh putu paran puniki | gya pamit wangsul nulya | kuda tigang atus | gandhèk sami pirêmbagan | lajêng mantuk tan angsal patinggi siji | praptèng praja asmara ||

44. Asmaradana

1. wus katur ing sri bupati | gandhèk kang saking Mataram | Jayawinata mopone | gumrahing wong sanagara | balik Jayawinata | dadya karsanya sang prabu | Adipati Sindurêja ||

2. kang kinèn akirim tulis | angrapu Jayawinata | ananggung yêkti wurunge | Adipati Sindurêja | sampun kintun pustaka | yata wau kang winuwus | Pangran Arya Danupaya ||

3. pamit kesah botên lami | sapraptane Parambanan | panggih mantri pangajênge | Tumênggung Jayawinata | pangeran angandika | hèh mantri tutura gupuh | mring Paman Jayawinata ||

4. ingsun arsa mring Matawis | angumpul lawan si paman | iya apa sakarêpe | ingsun anganti ing sira | mantri kesah tur sêmbah | praptaning Mataram sampun | katur mring Jayawinata ||

5. ing sadhawuhe wêwêling | Pangran Arya Danupaya | Jayawinata ambêkès | iku [i...]

--- 45 ---

[...ku] Pangran Danupaya | sok ngrusuhi bêndungan | ngrusuhi têlèdhèk dhusun | môngsa dadia abahan ||

6. aturana kondur nuli | matura ingsun tan arsa | yèn mêksa kudu marene | nuli mriyêmên dèn enggal | mantri wangsul turira | paduka ngaturan wangsul | dyan tumênggung botên arsa ||

7. yèn paduka mêksa manjing | inggih dhatêng ing Mataram | tanpa karya sayêktine | Pangran Arya Danupaya | wangsul apalarasan | praptane ing Babad dhusun | laju ambêdhah bêndungan ||

8. nulya wontên prapta malih | sira Jêng Pangeran Rôngga | ing Parambanan kèndêle | mantri pangajêng tur priksa | wontên pangeran prapta | Pangeran Rôngga abagus | Jayawinata lingira ||

9. iya balèkna tumuli | sanadyan silih bagusa | sok ngrusuhi gêmak jago | môngsa ngentasana karya | mantri wangsul wêwarta | Jayawinata turipun | pangran kondur Palarasan ||

10. nuntên wontên prapta malih | Pangran Suryadikusuma | lan Pangeran Arya Pamot | pangran kalih kèndêl samya | ana ing Parambanan | mantri pangajêng asung wruh | yèn wontên pangeran prapta ||

11. Arya Pamot lan Suryadi | angucap Jayawinata | tarinên pangeran karo | lamun nyata uwis têrang |

--- 46 ---

dhawuhe Jêng Pangeran | Sukawati apa sanggup | miturut pratikêl ingwang ||

12. sun aturi anglakoni | bêdhah Kêdhu sun tur bala | jaranan tri atus kèhe | mantri ngajêng wangsul sigra | panggih lawan pangeran | tinari pan samya purun | nglêboni ing Kêdhu praja ||

13. anulya wau dèn irid | nanging kinèn ambanjura | Suryadi lan Arya Pamot | tan kêna mampir Mataram | dene ta kang dinuta | lawan kuda tigang atus | Ngabèi Surajênggala ||

14. wus lajêng lampahirèki | kerid ing Surajênggala | sapraptanira Sarowol | kilèn Têrayêm prênahnya | nêlukakên wong desa | kang nora têluk ginêpuk | majêng marang Pare wana ||

15. wus kathah kang nungkul sami | amêmacak mantri desa | wimbuh agêng gêgamane | ambahak Kilènparaga | Payaman wus kaidak | saking kang êlèr kèh suyud | anèng Watês barisira ||

16. kuda sèwu winatawis | sigêg datan kawursita | kang sampun agêng barise | cinatur Jayawinata | wus anampèni sêrat | pangrêpa angipuk-ipuk | saking Dipati Sindurja ||

17. winangsulan nanggi krami | sêratira sang dipatya | wus anglalu jroning tyase | kang para mantri rèhira | Rajaniti Bupatya | wruh lamun têtela

--- 47 ---

sampun | pratikêle Jawinata ||

18. pangeran kêkalih sami | marang Kêdhu binantonan | pratôndha ing pambalike | Mantri Rajanitèn rêmbag | kesah saking Mataram | mring Surakarta wus kêbut | sapraptanira jro praja ||

19. panggih lawan Rajaniti | wit iku bupatinira | sagung Mantri Rajanitèn | binêkta mring kapatihan | lajêng kinèn ngaturna | mring sri manganti anjujug | Tumênggung Puspanagara ||

20. wus konjuk jêng sri bupati | Dyan Tumênggung Jawinata | têtêp tuhu pambalike | kang dhatêng Kêdhu punika | kêkalih pra pangeran | binêktan prajuritipun | têtindhih Surajênggala ||

21. lawan sampun angaturi | panungkul dhatêng Pangeran | Sukawati utusane | atur sanjata sadasa | lan waos kalih dasa | miwah reyalipun sèwu | nanging lampah dhêdhêmitan ||

22. sri bupati duk miyarsi | sigra dènira dhêdhawah | mring dipati sakarone | lan oprup kinèn amanah | dadosipun kang rêmbag | Sakèbêr ingkang amukul | ing Kêdhu drahgundêrira ||

23. satus akanthi prajurit | kalih atus ingkang dharat | myang kalih atus usare | Mayor Por tindhihing usar | gunggung Kumpêni pêthak | gangsal atus cacahipun | gangsal atus Kumpêni Slam ||

--- 48 ---

24. senapatinipun Jawi | gantya Dipati Sindurja | sri narendra timbalane | sagung kang para bupatya | tan ewah ingkang lampah | kadi duk têtindhihipun | Adipati Pringgalaya ||

25. wus pamit ing sri bupati | budhal saking Surakarta | langkung agêng gêgamane | kalih ratri anèng marga | lampah mêdal Bahrawa | para bupati ing Kêdhu | môngka panganjuring lampah ||

26. mungsuh myarsa angoncati | Pangran Suryadikusuma | lan Pangeran Arya Pamot | mundur dhatêng ing Payaman | Kumpêni prapta Cathak | sagung kang para Tumênggung | ingkang kinèn amukula ||

27. barise pangeran kalih | pra bupati lampahira | ing Payaman duk praptane | lajêng campuh ing ayuda | bêdhil-binêdhil samya | maksih gêtas pêrangipun | Pamot Suryadikusuma ||

28. sinarêmpêng angoncati | saking Payaman wus dhadhal | anglarug anjog ing Lengkong | Kumpêni kèndêl akarya | pakuwon binêsikan | ing Tarayêm ênggènipun | apacak baris santosa ||

29. kunêng gantya kang winarni | Sultan Dhandhun ing Sêmbuyan | miyarsa lamun wartane | pambalike Jawinata | ambêbêg wong Mataram | kèh para pangeran rawuh | mring Mataram tinampikan ||

30. gunêm lan Dipati Gêndhing | Purbaningrat Dipaningrat |

--- 49 ---

miwah sira Arya Bangkong | myang Radèn Purbanagara | Kartasari kalawan | Tambakyuda kang tinantun | Sultan pangandikanira ||

31. sun arsa têdhak Matawis | bok manawa Jawinata | ingsun kang pinilih dhewe | wartane kèh kadang ingwang | kang prapta tinampikan | kang maksih anèng praja gung | miwah kang wus anèng alas ||

32. awit nora ibu sori | padha bibi wong urakan | mulane tinampik kabèh | sigra angundhangi bala | ingkang rayi tinilar | atêngga Sêmbuyan gunung | Pangran Arya Singasêkar ||

33. Sultan Dhandhun Martèngsari | wus samêkta balanira | budhal saking ing Kasine | tigang atus kêkapalan | gangsal atus kang dharat | angilèn ing lampahipun | ing marga datan winarna ||

34. sampun prapta ing Magiri | anulya wau utusan | ingkang dinuta wong wadon | Bok Ajêng Sulah namanya | praptanè ing Mataram | panggih Jawinata sampun | andhawuhkên kang timbalan ||

35. Sultan Dhandhun Martèngsari | inggih arsa pêpanggihan | lawan paduka ing mangke | kèwêdan Jayawinata | dene tan mêdal marga | dumarojog dutanipun | Tumênggung Jayawinata ||

36. budhal saking ing Matawis | pitung atus kêkapalan | wus prapta ing Magirine |

--- 50 ---

kapanggih kalawan Sultan | Dhandhun Amartèngsêkar | angandika nêdya ngumpul | sabyantu baya antaka ||

37. Jawinata turiraris | inggih agampil bandara | nanging tur kawula mangke | singa-singa ingkang karsa | ngabdèkakên kawula | ujêr karsa rêmak-rêmpu | wontên nagari Mataram ||

38. môngsa sandeya Matawis | linurugan ing Walônda | ing prang apilih bobote | tan nôngga yèn kadya amba | tan sande têtumpêsan | Sultan Dhandhun mèsêm muwus | gih paman bênêr andika ||

39. nanging yèn têrah Matawis | môngsa wêdia palastra | Jayawinata ature | bandara wêkdal samangkya | tan kenging ingandêlna | wêwatêkaning wong agung | asring tiwas tanpa tuwas ||

40. mêsakakên tiyang alit | santana wadya paduka | dene sami aprang lèrès | punapa tan amiyarsa | warta kang eyang-eyang | sawêg sajuga kang thukul | raka paduka Pangeran ||

41. Adipati Sukawati | pintên ta laminè mêdal | saking nagari ing mangke | dèrèng wontên tigang warsa | dènnya murwèng ayuda | pawartane sampun antuk | anumpês Kumpêni pêthak ||

42. myang Makasar Bugis Bali | kirang langkung wus sanambang | anèng madyaning palugon | pangeran kang kathah-kathah | windon [wi...]

--- 51 ---

[...ndon] dènnya murwèng prang | Wêlandi picak tan antuk | inggih satunggil kewala ||

43. paran dènnya anglabuhi | jêng sultan netyanya pucat | abdinira dhingkul kabèh | dene Dyan Jayawinata | pasêmon aturira | Sultan Dhandhun sigra muwus | yèn kula wus kanthi dika ||

44. yêkti kêna dèn tingali | miwah kêna piniyarsa | Jayawinata ature | gusti wong Jawa punika | angèl ingkang wêwatak | mung angilo tabêtipun | sanadyan têrah Mataram ||

45. bapa raja ibu sori | kang amutêr tanah Jawa | nanging tabêting prang jirèh | yêkti kêdhik kang suwita | angrasa tanpa tuwas | lamun tabêting prang purun | yêkti kathah kang suwita ||

46. Jêng Pangeran Mangkubumi | karya ebat kang umiyat | enggale kathah wadyane | bupatine kalih dasa | satunggaling bupatya | abêbala tigang atus | kawan atus kang warata ||

47. mônca nagara pasisir | akathah kang wus kaidak | yèn ginunggung sadayane | kadi yèn wontên salêksa | lah puniku wong Jawa | amung tabêt ingkang tinut | tabêt ala manggih ala ||

48. tabêt bêcik manggih bêcik | Jawinata nulya ngajak | pocapan lan punggawane | pintên lamine Pangeran | Mangkubumi murwèng prang | angawaki goprak-gapruk |

--- 52 ---

balane lajêng alêksan ||

49. darbe bupati pasisir | bupati mônca nagara | ingkang cêlak lawan gone | ing Sukawati punika | nora nganti sapasar | têlung dina nuli têluk | ing Warung lan Jagaraga ||

50. Garobogan Blora Pathi | Juwana lawan ing Jipang | Kudus ing Dêmak pa dene | hèh Adhi Purbanagara | mungguh kang panjênêngan | bandara lami gènipun | pinarak tanah Sêmbuyan ||

51. bok inggih dika akali | ing Kaduwang langkung cêlak | tuwin ing Panaragane | darapon nuli kandêla | inggih dhatêng wong Jawa | Purbanagara sumaur | kiyai sadasa-dasa ||

52. mangsane dèrèng marêngi | ngling malih Jayawinata | kadi puniki karsane | Mataram wontên punapa | jêr wit saking kawula | tan wontên malang ing kayun | tanpa karya ingancikan ||

53. bandara kula aturi | nabranga kilèn Pêraga | anjangkaha ing Pagêlèn | kula angaturi bala | tigang atus turôngga | Sultan Dhandhun manthuk-manthuk | gih bênêr puniku paman ||

54. kula nuli anglakoni | anjangkah kilèn Pêraga | sintên dika gawakake | umatur Jayawinata | gih pun Wiramanggala | anak kawula puniku | kawula sumanggèng karsa ||

55. dyan tumênggung [tu...]

--- 53 ---

[...mênggung] wus amangsit | mring putra Wiramanggala | mangkana ing pitungkase | kulup yèn tan wani ngambah | sakulon Bôgawônta | tan bêdhah Pagêlèn tuhu | sira nuli amoroda ||

56. apa gawe atut wuri | pangeran tan jegos aprang | angur golèka liyane | bandara kang wani aprang | Radèn Wiramanggala | wontên Magiri angantun | kanthi prawira taruna ||

45. Sinom

1. Tumênggung Jayawinata | wus pamit saking Magiri | mantuk dhatêng ing Mataram | Sultan Dhandhun Martèngsari | budhal ngilèn Paragi | wadya turôngga nêmatus | sèwu wadya kang dharat | praptane Kilènparagi | madêg baris anèng dhusun Pakêboan ||

2. gantya ingkang cinarita | Pangeran Mangkunagari | kondure saking Sumbêran | mundhi dhawuh tata baris | ing rama kang wêwêling | Jawinata ngantêp purun | angimanakên sapa | iya sapa dèn sênêngi | ingkang yêkti ujube tuwajuh ing tyas ||

3. sapraptanira Gumantar | Pangeran Mangkunagari | samêkta kapraboning prang | budhal sawadya lumaris | prajurit kang turanggi | saking wetan tigang atus | saking kilèn kang bala | pitung atus kang turanggi | wadya dharat akathah yèn cinatura ||

4. Pangeran Mangkudiningrat | pan sampun [sa...]

--- 54 ---

[...mpun] dipun dhawuhi | yèn timbalane kang rama | kinèn anggêcak Matawis | dene lamun lêstari | Jawinata sungkêmipun | Pangran Mangkunagara | dhinawuhan anindhihi | barisira sagunge tiyang Mataram ||

5. lajêng kinèn angadua | lawan Sakèbêr ajurit | nagri Kêdhu dèn rêbuta | ingkang rama kang wêwêling | wau lampahing baris | pangeran sawadyanipun | prapta dhusun Mutihan | karya pakuwon anganti | arsa nglampahakên duta mring Mataram ||

6. kang baris ing Palanggêran | Pangeran Pamot wus prapti | sowan maring ingkang raka | dhusun Mutihan prênahing | sakidul kilèn Wêdhi | pangeran sida anuduh | Mantri Jayakintaka | bêkta sêrat mring Matawis | tan kawarna lampahe praptèng Mataram ||

7. panggih lan Jayawinata | pinaringkên punang tulis | tinampèn sinuksmèng driya | Jawinata mèsêm angling | inggih punika adhi | ênggène bandara rawuh | timbalane kang rama | Jêng Gusti ing Sukawati | kadi paran kalamun Jayawinata ||

8. darbe atur ngumandaka | angangge lambe kêkalih | môngsa dadia manungsa | Sultan Dhandhun Martèngsari | praptane ing Matawis | laju kula jabung alus | baris sa-Kilènparagi | kula inggih botên ngimpi | ngugêmana [ngugê...]

--- 55 ---

[...mana] pangran jirih ing ayuda ||

9. anulya karya wangsulan | punang pustaka wus dadi | binêkta pêpatihira | Puspawijaya Ngabèi | sarêng angkatirèki | lan pangran utusanipun | Mantri Jayakintaka | kathah dènnya atur bêkti | sapraptane ing pakuwon Pamutihan ||

10. laju marêk ngarsanira | Pangeran Mangkunagari | ngaturkên sêrat wangsulan | miwah sanjata sarakit | sajuga kang turanggi | lawan yatra kalih atus | miwah badhe rasukan | baludru wungu myang wilis | srat binuka pangeran kalangkung suka ||

11. myarsa têmbunging pustaka | Jawinata sungkêm yêkti | pangeran nulya kasukan | lawan Pêpatih Matawis | Puspajaya Ngabèi | sinuba-suba anutug | saratri anayuban | enjinge tinundhung mulih | Dyan Ngabèi Puspawijaya Mataram ||

12. Tumênggung Jayawinata | kinèn sowana pribadi | praptaa ing Pamutihan | dèn wangêni limang ari | Puspawijaya pamit | lan pangeran wêlingipun | maring Puspawijaya | kang uwa Pangran Suryadi | kinèn ngirid mring Tumênggung Jawinata ||

13. Pangeran Mangkunagara | lêrêm ing antara ari | anèng dhusun Pamutihan | Jayawinata inganti | ing Mataram winarni | Jayawinata duk wau | budhal saking Mataram |

--- 56 ---

jinajaran pra prajurit | wadyanira kang samya umiring lampah ||

14. wadya kang wahana kuda | sèwu nêmatus tan luwih | sèwu prajurite dharat | dene prajurit kang kari | têngga Mataram nagri | kalih èwu tigang atus | kang samya kêkapalan | datan winarna ing margi | sapraptane Mutihan panggih pangeran ||

15. rinangkul Jayawinata | pangeran karasèng galih | duk sami baris Drêsanan | samya dadya senapati | Jayawinata ririh | wau dènira umatur | anggèr kula wus lama | kèngkènan mring Sukawati | tur pratôndha dhumatêng rama paduka ||

16. kula dèn srahkên paduka | susah paduka nimbali | inggih ta môngsa sandea | paduka kula aturi | têdhak dhatêng Matawis | pangeran suka gumuyu | gih paman sampun kêmba | mangke kadipundi pikir | aprakara Si Pamot putra andika ||

17. lan wa Suryadikusuma | punapa sagêd mangsuli | ing bawah Kêdhu punika | Jayawinata turnyaris | botên kula watawis | dene dahat gawatipun | Kumpêni sampun kathah | bêbantu saking nagari | kanthi para bupati sawadyanira ||

18. pun wa Suryadikusuma | pamanah kula prayogi | yèn sampun rama paduka | Sultan Dhandhun Martèngsari | inggih gumingsir saking | sa-Kilènpraga [sa-Kilè...]

--- 57 ---

[...npraga] puniku | kang uwa mêngkônana | kawan èwu kilèn Pragi | dene mênggah rayi paduka sumôngga ||

19. pangeran alon ngandika | gih paman sampun prayogi | Adhi Mas Pamot punika | mantuka mring Pajang malih | dene uwa Suryadi | inggih bilih Paman Dhandhun | Martèngsari wus kesah | mêngkônana kilèn Pragi | awit Paman Dhandhun ajrih mangun yuda ||

20. bêdhah Kaduwang tan bisa | mring Pagêlèn saya jirih | gunêm sajroning nayuban | amuput kongsi saratri | Pangran Mangkunagari | enjing andhawuhi sampun | Pangran Pamot têtêpa | anèng Mrêbung dènnya baris | Pangran Mangkudiningrat têtêp Mutihan ||

21. Pangeran Mangkunagara | sawusnya sampat miranti | lan Tumênggung Jawinata | budhal dhatêng ing Matawis | abdi tan ana kari | sawadyakuswa wus kêbut | ingkang wahana kuda | tigang èwu winatawis | ingkang dharat akathah tanpa wilangan ||

22. pangran lan Jayawinata | lampahe Mataram prapti | ingaturan masanggrahan | nèng sajroning baluwarti | miwah sawadyanèki | gantya malih kang winuwus | Sultan Dhandhun Sêmbuyan | sawusira madêg baris | Kulonpraga siti kawan èwu karya ||

23. pra patinggi bêkêl desa | Kilènpraga [Kilènpra...]

--- 58 ---

[...ga] lawan malih | sakilèning Bôgawônta | sagunging para patinggi | sayuk anungkul aris | wau Kangjêng Sultan Dhandhun | ayasa pasanggrahan | rinakit-rakit lir puri | wusnya dadya sultan miyos sinewaka ||

24. nèng pandhapa pasanggrahan | aglar pra punggawa mantri | Dipati Gêndhing tindhihnya | sagunging bêkêl patinggi | pêpak samya sumiwi | sultan angandika arum | marang rêkyana patya | ing samêngko karsa mami | bumi patang èwu sa-Kulonparaga ||

25. kang rongèwu ingsun karya | pangane punggawa mantri | miwah prajurit sadaya | lan Bêkêl Kêboan iki | karsa sun junjung linggih | kaarana Mas Tumênggung | Jayèng Martanagara | Lêndhah sun angkat Bupati | kaarana Tumênggung Jayèngpranata ||

26. Bêbêkêl ing Kamodinan | iya sun angkat bupati | aran Jayèng Wirasastra | ing Trayu ingsun arani | Tumênggung Jayèngsari | kulon Bôgawônta iku | Patinggi Jagabaya | Patuh mèlu gêdhong kering | sun karsakkên mêngku kulon Bôgawônta ||

27. sun angkat lungguh bupatya | aran Jayèng Mangunsari | patih ngundhangkên warata | kang sewaka saur pêksi | Sultan Amartèngsari | jêngkar kang sewaka mundur | sultan nulya ayasa | badhaya kalawan srimpi | ringgit [ring...]

--- 59 ---

[...git] tiyang amundhuti tlèdhèk desa ||

28. Sultan Dhandhun Martèngsêkar | tuhu abagus rêspati | gagah prakosa berawa | gêmbala sakêpêl sisih | pantês putrèng narpati | miyos saking kangjêng ratu | yèn cinôndra ing warna | lir Ratu Mandura nagri | kang pêparap Maha Prabu Baladewa ||

29. lamun gêbyagakên wayang | badhaya lawan sarimpi | sultan miyos ing pandhapa | ginarêbêg para cèthi | alênggah anèng kursi | cakêt pra pawèstri dhusun | ngêgungkên kawibawan | kamuktèn salin-sumalin | supe marang pakaryanirèng ayuda ||

30. wontên malih cinarita | ing Bôgawônta Bupati | wayuh kalih kang taruna | ran Mas Ayu Mangunsari | tuhu endah ing warni | manis gapyak lukitarum | sarira wêwêg jênar | branyak lir Dyah Banawati | duk punika mas ayu adarbe karsa ||

31. umiyat ringgit badhaya | mas ayu angadi ragi | pupurira lêlamatan | gêlung kondhe susuk kalih | sinawur gambir mlathi | sêngkang sotya urang ayu | sinjang gringsing sêmêkan | limar kuning amathinthing | mingis ingkang payudara ngênyut dênta ||

32. rasukan ijo ngangrangan | agêgônda wangi-wangi | risampunira sampunira | ing tabuh nênêm lumaris | parêkannya kêkagihkêkalih. | wau ing sapraptanipun | pandhapa [pa...]

--- 60 ---

[...ndhapa] pasanggrahan | manggèn èmpèr kilèn ndhapi | Sultan Dhandhun wus miyos anèng pandhapa ||

46. Mijil

1. Sultan Dhandhun lawan Mangunsari | suh rêmpu kang panon | dene sarêng panduking netrane | anglir panjang tibèng sela langking | kumêpyuring galih | ing sakalihipun ||

2. sultan ngunandika jroning galih | ingsun lagi tumon | Kulonpraga ana têtunggule | hapsarining Dewa Suranadi | sapa baya iki | kang darbe wong ayu ||

3. angêjèpi Nyai Amongrêsmi | binisikan kinon | animbali kang karya wirage | marang gupit kilèn dalêm wuri | amêdala kori | bêbutulanipun ||

4. nyai lurah sigra amrêpêki | jinawil sang sinom | nulya anut nyi lurah lampahe | malbèng gupit sultan kondur nuli | nusul maring gupit | kapanggih Dyah Ayu ||

5. Mangunsari lênggah ngajêng kori | sultan ngandikalon | dhuh wong ayu majua marene | sang dyah matur gusti kula ajrih | de paduka aji | amba tiyang dhusun ||

6. sultan sigra angancing kang kori | dyah pinondhong nyemot | gya pinangku ngliling wadanane | sultan nabda sapa ranmu yayi | amba Mangunsari | semahe tumênggung ||

7. sakilène Bôgawônta gusti | sultan [sulta...]

--- 61 ---

[...n] ngandikalon | dhuh mas mirah kang karya wirage | tambanana gêrah ingsun nuli | matur mèsêm gusti | botên dados dhukun ||

8. sultan ngungrum sarwi ngarih-arih | adhuh jiwaningong | mêmanise kang karya wirage | gya jiniwir cinêcêp kang lathi | angarasi pipi | angaras pambayun ||

9. sang dyah ayu tansah kongah-kangih | dhuh adhuh sang katong | udhunêna sing pangkon dèn age | mênèk kuwalat têmahan mati | mati-mati gusti | mati ragèng ulun ||

10. sultan datan darana ing galih | umiyat sang sinom | gya pinondhong mring pakasutanepakasurane. | sang dyah janggèh asta karya tangkis | nging maksa katitih | ing asmara lulut ||

11. sawêngi dhêg tan bênggang sanyari | sultan lan sang sinom | nganti tabuh astha lagya mulèh | praptèng wisma sang dyah angalêntrih | lêsu lupa saking | sinêrang ing lulut ||

12. Mas Tumênggung Jayèng Mangunsari | tyasira kêbrongot | miyat garwa wus enjing praptane | têbah jaja bang mawinga wêngis | anyêpêng camêthi | sugal wuwusipun ||

13. babo-babo sira wadon lanji | tuture anonton | sawêngi dhêg têka nora mulèh | nonton apa sun datan mangêrti | mas ayu nauri | dhuh kakang tumênggung ||

14. aja laju sira briga-brigi |

--- 62 ---

takona kang alon | ingsun nonton badhaya yêktine | wayang uwong kalawan sarimpi | dupi sultan uning | ragèngong pinulut ||

15. maring gupit kulon dalêm wuri | sun anut sapakon | kangjêng sultan jêr iku ratune | praptèng gupit lawange kinancing | mung tiyang kêkalih | sultan lawan ingsun ||

16. ingsun kinon ngadhêp ngisik-isik | sare sang akatong | ki tumênggung sugal wangsulane | êndi ana jalu lawan èstri | nèng gupit sawêngi | yèn tan among lulut ||

17. nimas ayu saurira aris | nora anon-anon | cêkèk mati raganingsun kiye | lamun ingsun nganti laku silipsilib. | jaba ngisik-isik | iku kang satuhu ||

18. mas tumênggung kurdanya mawrêdi | pinala sang sinom | rambah-rambah wau pamukule | adhuh kakang sira tanpa budi | takon analiti | apa anu-anu ||

19. wus jamake jalu lawan èstri | panggihan kaloron | ingsun walèh iya satêmêne | rinurahing asmara sawêngi | sakarsa ngladèni | mung anut miturut ||

20. awit kakang dadine bupati | kang ngangkat sang katong | sêdyaningsun mung anitipake | akandêla gonira angabdi | dimèn wimbuh asih | mring kakang tumênggung ||

21. lamun ora tinarima mami | yêkti ingsun [ingsu...]

--- 63 ---

[...n] lolos | asuwita kangjêng sultan bae | mas tumênggung nyèlèhkên camêthi | nyêlak ngaras pipi | wacananya arum ||

22. dhuh dhuh adhuh adhuh wong jakining | tuturmu katonton | luwih dene bênêr sakabèhe | kèhing luput ana awak mami | aksamanta gusti | mring kakang tumênggung ||

23. mas tumênggung lan Dyah Mangunsari | wus pulih kaloron | sih-sinihan kadya duk waune | sawusira ing antara ari | muntap ingkang runtik | maring Sultan Dhandhun ||

24. madêg baris ngumpulkên patinggi | Bogawônta kulon | sèwu numbak anyar ing Pagêlèn | wusnya kumpul sagunging kang baris | sèwu winatawis | wau Mas Tumênggung ||

25. Bogawônta Jayèng Mangunsari | undhang mring sagung wong | para bêkêl patinggi sakèhe | ingsun mêngko tan arsa sumiwi | Sultan Martèng jirih | kang tansah gumagus ||

26. nadyan juluk rabus-samawati | wa arlining tiron | kang kaèsthi jêr mung nonok bae | sabên wadon klimis dèn ramuhi | somahing patinggi | mantri myang tumênggung ||

27. ingsun ajap ngaluruga mriki | dimèn têmah layon | sun sudhète jaja padharane | Sultan Dhandhun wus miyarsa warti | Mangunsari balik | madêg barisipun ||

28. sultan nimbali abola-bali |

--- 64 ---

tumênggung mung mogok | malah nantang asaru wuwuse | sultan kèndêl wus rumôngsa sisip | dadya nora wani | yèn andon anglurug ||

29. kunêng Wiramanggala Ngabèi | duk midhangêt wartos | yèn bupati ing siti Pagêlèn | kulon Bôgawônta madêg baris | tan arsa sumiwi | sultan nora gêpuk ||

30. amung marêm lêlangên pawèstri | Wiragala morot | kêbut sagung bala prajurite | tan winarna lampahe nèng margi | praptaning Matawis | gya marêk umatur ||

31. mring Pangeran Amangkunagari | aturira alon | dhuh bandara mila amba age | morot saking sa-Kilènparagi | tan bakit ningali | sultan solahipun ||

32. datan galih lampahing ajurit | mung galih wong wadon | wêwayangan badhayan sarimpèn | datan kenging wong bathuk kalimis | yêkti dèn ramuhi | rusuhnya nalutuh ||

33. sigêg Wiramanggala Ngabèi | gantya winiraos | têlik prapta tur uning wiyose | lamun wadya Kumpêni lan Jawi | kang nèng Trayêm dèsi | arsa budhal gêpuk ||

34. ing Mataram kirang tigang ari | pangeran kaloron | Jawinata wus matêng rêmbage | budhalira arsa anyarêngi | anglarag Kumpêni | mrih kapêthuk dlanggung ||

35. Jawinata [Jawina...]

--- 65 ---

[...ta] sigra angundhangi | wadyabala bodhol | kang wahana turôngga cacahe | kawan èwu langkung winatawis | rêmbage wus gilig | yèn têmpuk prang pupuh ||

36. pan pinôntha kapat kanêm sami | kang dhingini miyos | yèn tinêmpuh oncata dèn age | kang nèng wuri jambaka tumuli | ran gêlar manthalit | wong kang samya dulu ||

37. dimèn ora bisa angarani | kang unggul kang asor | amrih bingung Walônda balane | budhalira dènira lumaris | ing samargi-margi | ajar aprang pupuh ||

38. kalih pôntha mêdal têngah margi | kawan pôntha kang wong | asingidan alingan desane | jaga nrambul jambak saking wuri | pangran ngiwa têbih | ganti sêkar pucung ||

47. Pocung

1. pan kasaput ing dalu kèndêl ing ngriku | dhusun Kalajuran | enjinge sigra lumaris | urut marga gulang limpad ing ayuda ||

2. rêmbênipun dèn ajar urut dalanggung | lawan malihira | nganti têlik dèrèng prapti | amakuwon kèndêl sapinggiring marga ||

3. prapta dalu saking Trayêm têlikipun | katur ing pangeran | tinanggap aturing têlik | èstu lamun Kumpêni enjang anglarag ||

4. lampahipun ing ngarsa para tumênggung | cacahipun gangsal | Wiradigda Rajaniti | Kartadipa Natayuda Wiraguna ||

--- 66 ---

5. wurinipun Mayor Por usare satus | nulya wong Makasar | Sêmbawa myang Bugis Bali | prajurite dharat amung kalih bêlah ||

6. kang sumambung Sakèbêr drahgundêr satus | pan namung punika | Kumpêni miwah bupati | taksih kathah tinilar ana ing wuntat ||

7. tan cinatur ing dalu enjing winuwus | budhal wus tinata | ing gêlar sami kaèsthi | wong Kumpêni pukul nêm dènira budhal ||

8. lampahipun saonjotan prapta sampun | dhusun ing Babadan | kapêthuk bala Matawis | langkung kagyat Kumpêni kèndêl atata ||

9. sigra nambur wong Jawa tangara sampun | gong bèri wurahan | bêndhênê ngungkung tinitir | anarajang Ngabèi Surajênggala ||

10. nulya campuh dèn êdrèl sigra lumayu | nuli Ragayuda | mangsah ingêdrèl ngoncati | sigra mangsah Ngabèi Pusparudita ||

11. campuhipun sadrèlan sigra lumayu | nanging tan lumajar | anggubêd anganan ngering | sigra mangsah Tumênggung Jayawinata ||

12. gumarubyug ingêdrèl lajêng malêdug | kang para bupatya | yèn pisah lawan Kumpêni | kinaroyok ingulêng uyêl-uyêlan ||

13. dadya bingung Kumpênine mingak-minguk | wau

--- 67 ---

kawarnaa | Pangeran Mangkunagari | sabalane manjing barisaning mêngsah ||

14. laju nêmpuh Suramangunjaya ngamuk | lan Suradigdaya | gègèr tan ana wruh warti | apuyêngan Kumpêni nambur umangsah ||

15. mangsahipun anèng pinggir pagêr dhusun | mariyêm tinata | kasusu nora pakolih | gya rumagang Kumpêni ingkang adharat ||

16. barêng nêmpuh saking kidul wetan campuh | Kumpêni atarap | pangêdrèle wanti-wanti | sami giwar angalang saking têbihan ||

17. ya ta wau Sakèbêr kalane ngrungu | sanjata ing wuntat | arame pokokan pasthi | tinarombol Mayor Por sinung pariksa ||

18. sami mundur palotonan lampahipun | wusnya ragi têbah | muntab mungsuhnya kaèksi | kadi mêndhung pangumpule punang mêngsah ||

19. kang kadulu kêkapalan kawan èwu | kadya pagêr jarak | pandhêndhênge kang turanggi | wong Kumpêni samya manjing pamondhokan ||

20. mriyêmipun sinulêd sampun pakantuk | mêngsah kêkapalan | ura nuli kumpul malih | sami ngèrèk lampahe ngidul angetan ||

21. alon muwus Mayor Por mring rowangipun | ingkang songsong jênar | baya ika Mangkubumi | iya kapan praptane anèng Mataram ||

--- 68 ---

22. gya sumambung nindya mantri wuwusipun | tuwan jangan slempang | itu bukan Mangkubumi | sêbab gêlarênya prang bagini rupa ||

23. bêlum tamtu tapi saya kira itu | Pangran Prangwadana | kèndêl sang mayor kêkalih | duk puniku wanci ing satêngah rolas ||

24. praptanipun ngajêngkên pukul sapuluh | wong Mataram bubar | pangajêng dipun wêwahi | baris lêngkong Ngabèi Suramênggala ||

25. bantunipun Puspawijaya jêjuluk | myang Sêcawijaya | pambajênge ingkang siwi | Dyan Tumênggung Jayawinata Mataram ||

26. praptanipun Mataram wus wanci dalu | kalanipun aprang | mung sakêdhap nuli bali | datan ana kang tatu miwah palastra ||

27. enjingipun kasukan angadu sawung | wuwuh arjanira | sajroning nagri Matawis | saanane Pangeran Mangkunagara ||

28. êlar-êlur wong mênyang Pajang Matarum | malih kawarnaa | Sultan Dhandhun Martèngsari | kang abaris wontên sa-Kilènparaga ||

29. morotipun Wiramanggala rumuhun | langkung dukanira | dene wong Kilènparagi | sami ewah tangkêpe dènnya suwita ||

30. sigra wau Kartasari kang ingutus | marang ing Mataram | lan Jayawinata panggih | kinèn mundhut sapalih bumi [bu...]

--- 69 ---

[...mi] Mataram ||

31. aturipun Jayawinata anuhun | pan ajrih kawula | sampun ta mênggah sapalih | nadyan sajung sakothak ajrih ngaturna ||

32. kula sampun kajambak kêkuncung ulun | kula wong suwita | mring Pangeran Mangkubumi | pinasrahan anarubna wong Mataram ||

33. yèn wus tarub wong Mataram kinèn ngadu | amêngsah Walônda | wontên Tarayêm samangkin | dika matur yèn makatên atur kula ||

34. amit mantuk Kartasari lampahipun | prapta Kilènpraga | wus panggih kalawan gusti | sampun katur saature Jawinata ||

35. dahat ngungun sakalangkung bêndunipun | matur Purbaningrat | paduka punika têbih | inggih sampun andhatêngakên dêduka ||

36. jêng pukulun yèn mundhut sabin Matarum | saking katêbihan | sawêg dinamêl ngajurit | anglampahi timbalan raka paduka ||

37. inggih luhung têdhak nyêlaki Matarum | lan rayi paduka | Jêng Pangeran Singasari | katimbalan ngêrig têtiyang Sêmbuyan ||

38. sami rêmbug sigra budhal lampahipun | saking Pakêboan | Selabêntar sampun prapti | pasanggrahan ing dalu apirêmbagan ||

39. aturipun punggawa nuntên pukulun | jêng rayi paduka | ingutusan dèn timbali |

--- 70 ---

sigra nuduh duta kang maring Sêmbuyan ||

40. duk puniku sampun budhal Sultan Dhandhun | saking Selabêntar | anjog ing tanah ing Gadhing | kang lèr wetan masanggrahan nèng Mamênang ||

41. Sultan Dhandhun kumalungkung ambêk agung | digung adiguna | kumênthus lawan kumaki | nora nganggo anolèh sariranira ||

42. pêksa darung paring sêrat asung pemut | marang ingkang putra | Pangeran Mangkunagari | kang ingutus Kandhuruan Wirasraya ||

43. têmbungipun kang pustaka ingkang dhawuh | yèn bumi Mataram | sadaya pinundhut nuli | sarta mundhut têluke Jayawinata ||

44. sêrat sampun tinampèn sinuksmèng kalbu | mèsêm gigit waja | Pangeran Mangkunagari | angandika alon marang Kandhuruan ||

45. dutanipun Kangjêng Paman Sultan Dhandhun | sira umatura | ingsun nora amangsuli | sira bae matura mring kangjêng paman ||

46. têka mundhut iya ing patêlukipun | Paman Jawinata | wus ana kang dèn têluki | iya iku Kangjêng Rama Sukawatya ||

47. yêkti dudu wong Bugis Bali Bangkulu | padha trah Mataram | dumèh bibi gendhong sênik | sapa wêruh jêr iku sutaning raja ||

48. nadyan ibu iya Nyai Rara Kidul | yèn ora wani prang | sapa kang ngandêl tut wuri | Jawinata [Jawi...]

--- 71 ---

[...nata] wong lagi kinon magut prang ||

49. têtêp iku wong nguthuh akarya rusuh | ngrusuhi kang raka | sabênêr-bênêring pikir | ing Tarayêm patut iku dèn galiha ||

50. lamun ngrêbut panjênêngan yêkti besuk | yèn mungsuh wus sirna | anêdya jumênêng aji | singa-singa kang pinilih ing Hyang Suksma ||

51. sampun saru nêmpuh patrap aru biru | mêngsah taksih kathah | akarya pakewuh wuri | Kandhuruan sigra mundur amit nêmbah ||

52. kang winuwus wau ta ing praptanipun | Pangran Singasêkar | ngêrig wong Sêmbuyan wukir | dharat kawan atus kapal kalih bêlah ||

53. ingkang kantun maksih anggili anusul | Pangran Singasêkar | inginggalkên wanti-wanti | milanipun prapta lancaran kewala ||

54. balanipun kathah ingkang samya nusul | wus panggih kang raka | ingkang rayi angabêkti | angandika Sultan Dhandhun Martèngsêkar ||

55. pira iku kang prapta yayi balamu | kang rayi turira | ing wingking maksih anggili | ingkang sarêng kula namung kanêm bêlah ||

56. kunêng wau Kandhuruan praptanipun | wus katur sadaya | solah tingkahe tinuding | yèn kang putra botên amangsuli sêrat ||

57. aturipun tan nêmbadani pukulun | ing karsa paduka | amundhut bumi Matawis | lawan mundhut têluke Jayawinata ||

--- 72 ---

58. kang puniku putra tuwan ajrih matur | lamun dèrèng têrang | tuwin dèrèng dèn lilani | dhatêng raka paduka ing Sukawatya ||

59. têlasipun Kandhuruan gènya matur | sigra praptanira | caraka saking Matawis | Pangran Mangkunagara nusuli sêrat ||

60. wêlingipun pangran marang kang ingutus | kinèn maspadakna | rowa ringkêsing ing baris | sapa ingkang tinari barang prakara ||

61. duta laju marêk dhatêng ngarsanipun | Jêng Sultan Sêmbuyan | ngaturakên ponang tulis | wus tinampèn binuka sinuksmèng driya ||

62. wuryanipun pustaka tur sêmbah ulun | kanthi atur bakal | rasukan baludru wilis | lan sanjata karbin alus sakêmbaran ||

63. malihipun kula paman ngaturi wruh | kalamun kawula | miwah Jawinata mangkin | dhinawuhan raka paduka jêng rama ||

64. dhawuhipun pamanamu karo iku | turutên kewala | kalamun anêdya bêcik | aja nganti karya rusuh rêbut bawah ||

65. sapa iku karya wiwit nora arus | arêbut cakotan | mungsuhe maksih sumandhing | yêkti dudu iya labêting prawira ||

66. nora arus kaya pêpadhane wêdhus | pan dudu manungsa | dadi pambêkaning bêlis | wong arêbut prakara sajroning aprang ||

--- 73 ---

67. milanipun kawula sangêt umatur | paman kalih pisan | kondura Sêmbuyan malih | amuktia mêngku sabin tigang dhomas ||

68. inggih lamun paman ngêrsakkên prang pupuh | Tarayêm Walônda | punika mêngsah sayêkti | lamun karsa kawula iring kewala ||

69. inggih sampun katuwuhan galih rusuh | rusuh angrêrisak | dhatêng têtiyang Matawis | têmahipun datan ngajèni sarira ||

70. langkung bêndu sultan nuduh caraka wus | bêkta srat wangsulan | Arya Bangkong kang tinuding | sampun prapta caraka nagri Mataram ||

71. sêrat katur winaos sinuksmèng kalbu | misih adêduka | Sultan Dhandhun Martèngsari | adrêng mundhut têluke Jayawinata ||

72. lan amundhut wuwuhing patêlukipun | pun Kudanawarsa | Pangeran Mangkunagari | langkung kagèt angadêg suraning driya ||

73. ngandika sru pangeran mring dutanipun | hèh duta muliha | ingsun ora amangsuli | mung bêktiku katur paman karo pisan ||

74. prakarèku nora anguwisi ingsun | ingsun wong ngawula | sayêkti ajrih ngaturi | pamundhute iya Rama Buminata ||

75. duta mundur pangeran utusan sampun | angaturi sêrat | mring kang Rama Sukawati | nuwun lilah angayoni ingkang paman ||

76. kang ingutus praptane [prapta...]

--- 74 ---

[...ne] wus tampa dhawuh | yèn sampun kalilan | ingkang paman dèn ayoni | mrih kapoke nanging aja tinêmênan ||

77. inggih sampun kalajêng ing risakipun | maria kewala | wêruha bênêr sathithik | aja kongsi balasak anasak-nasak ||

78. dimèn emut wêwatêkaning kang limput | apêsing ayuda | satriya tan wêruh bêcik | utamane satriya gambuh ing aprang ||

48. Gambuh

1. pangran nimbali gupuh | maring kang rayi kêkalihipun | lawan malih kang uwa Pangran Suryadi | wusnya prapta nulya kumpul | pangeran dhawuh mirantos ||

2. mring Bupati Matarum | lamun arsa umagut ing pupuh | gusah ingkang Paman Dhandhun Martèngsari | Jayawinata agupuh | nimbali kang baris Lèngkong ||

3. Puspajaya puniku | lawan Sêcayuda kalihipun | amung Surajênggala kang kinèn kari | lan Sasrarudita tunggu | nindhihi baris agolong ||

4. pangran budhalan sampun | saking Mataram lampahe ngidul | pangajênge Puspawijaya Ngabèi | Cawijaya kanthinipun | ing wurine nora adoh ||

5. pangran tiga sumambung | ginarêbêg wadyakuswa sêlur | wurinira malih ingkang anambungi | Jayawinata Tumênggung | sawadyanira gumolong ||

6. têtindhihe wadya gung | Pangran [Pa...]

--- 75 ---

[...ngran] Mangkunagara nèng pungkur | pan kadalon lampahe kèndêl nèng margi | Pamêdêlan dhusun agung | kang baris sami makuwon ||

7. wuwusên Sultan Dhandhun | sampun miyarsa badhe ginêpuk | angundhangi sagung kang para prajurit | winatawis wontên sèwu | adharat magut ing pupoh ||

8. lamun prang kuda iku | kari akèh jêjarananipun | wong Mataram turanggane bêcik-bêcik | cilik-cilik jaran gunung | amungsuh turôngga ewon ||

9. nêdya ngantêp prangipun | wong arsa salah pratikêlipun | wanining prang têka nora nganggo pikir | dene pêrang padha batur | dadak anêdya rêrêmpon ||

10. kang jamak duwe maklum | rêbut prakara salah ing laku | têka kudu anutugakên rêruntik | tan wruh kaluputanipun | prakara nora dèn ilo ||

11. katon kaliwat saru | môngka lamun wani aprang pupuh | lan Kumpêni yêkti akèh kang tut wuri | mangkana parentahipun | marang sira Arya Bangkong ||

12. undhangana rowangmu | sapa wonge kang akarya lampus | Jawinata sun gêntèkkên nèng Matawis | yèn mantri ingkang linampus | dadi mantri janjiningong ||

13. sigra têngara gupuh | bêndhe tinitir titir angungkung | laju budhal Sultan Dhandhun Martèngsari |

--- 76 ---

mapan nèng têgal kang patut | jêmbar papaning palugon ||

14. wus rakit balanipun | êmprit anêba gêlaring pupuh | ya ta wau prapta gêgaman Matawis | Puspawijaya panganjur | punang mungsuh jirap katon ||

15. Puspajaya duk dulu | datan bangkit ngampah ingkang kalbu | nora nganti parentah anunjang aglis | mangsah kuda tigang atus | campuh acaruk prang popor ||

16. Sêcawijaya nusul | kukuk angsae kuda tri atus | gulagêpan wong dharat kèlês turanggi | numbak ingoncatan luput | tinumbak kêni sayêktos ||

17. Sultan Dhandhun andulu | lamun balane rêpot kèh lampus | nitih kuda ngamuk watange pinêthit | Puspajaya giwar asru | mingêr anggubêt ngalih gon ||

18. dadya wonge kèh lampus | pangerane kalih samya ngamuk | Pangran Pamot Mangkudiningrat nadhahi | ingamuk gumujêng guguk | payo wong iki salah ton ||

19. giwar alon gumuyu | Kudanawarsa nadhahi pamuk | tinahanan sakêdhap anuli lali | Kudanawarsa tinêmpuh | tan gumingsir taksih tanggon ||

20. angrukêt Sultan Dhandhun | Kudanawarsa alon amuwus | kasurupan bêlis ya wong agung iki | dudu sawadine tuhu | sajêge durung

--- 77 ---

mangkono ||

21. dahat pangungun ingsun | Sultan Dhandhun amangsuli dhawuh | hèh Kudanawarsa payo gosok godhi | tadhahana tumbak ingsun | mati barêng lawan ingong ||

22. Kudanawarsa dulu | lamun sewotên pangamukipun | ingoncatan angrasa lamun wong cilik | wus gusis sabalanipun | loking wong mundur kêtaton ||

23. surak wong Gunungkidul | agêng tyasira sami angumpul | singa-singa kang pisah pasthi ngêmasi | kang mati wus têlung puluh | gone lan gustine adoh ||

24. kang kari samya ngumpul | datan bênggang pipit adu sikut | saparane kang tinêmpuh giwar gusis | lot-lotan lawe puniku | kadi wong prang agêguyon ||

25. wau ta duk kadulu | saking wuri dahat dukanipun | Jêng Pangeran Ariya Mangkunagari | ngandika mring Dyan Tumênggung | Jayawinata kang kinon ||

26. hèh paman dipun gupuh | mantri jêro cacah patang puluh | atilara mriyêm mindhak angrandhati | kang kinon anandêr mamprung | pra mantri mangsah atanggon ||

27. campuh mantri jro kukuh | tan kêna kungkih dèn ungkih bakuh | pan katulak ing pamuk dipun gagahi | prange mantri patang puluh | nora keguh nora megos ||

28. Jayakintaka mistul | mring

--- 78 ---

Pangeran Arya Singasantun | kêni èpèk-èpèk butul ingkang kering | akipat rahnya sumêmbur | kang antuk mistul gya alok ||

29. têtulung Sultan Dhandhun | para mantri mapagakên gupuh | jajanipun Sultan Dhandhun dèn larihi | tan pasah nanging sumawut | dèn ayati mèh pinindho ||

30. kêkês giwar lumayu | dhasar kang rayi wus nandhang tatu | butul èpèk-èpèking asta kang kering | adrês kang êrah sumêmbur | lumayu tan mantêp bolos ||

31. abdine kinarubut | kadi rancapan tumpês barubuh | pitung puluh kapupuh madyèng ajurit | ingkang mati binabujung | ting talècèk sagon-ênggon ||

32. mantri kacandhak pitu | kang sajuga Pugêr mantunipun | ajêjuluk Radèn Rôngga Martasari | ginêsangan sadaya wus | kèndêl dènnya bujung mungsoh ||

33. ing lêlakon sabêdhug | taksih akathah saurutipun | wong Sêmbuyan tumpês prang Mamênang nênggih | wong desa akèh kang mênthung | samya amelik panganggo ||

34. wong aprang nora urus | lêkas wani aprang tanpa tangguh | wani bingung Sultan Dhandhun Martèngsari | galihe kaya ngrêmpêlu | wong Mataram amakuwon ||

35. enjinge nulya ngutus | mantri Mataram kalih lumaku | bêkta sêrat katur maring

--- 79 ---

Sukawati | tur uninga ing prangipun | Sultan Dhandhun sampun kasor ||

36. lan bêkta kuping satus | môngka tôndha tan winarnèng ênu | mantri duta sapraptaning Sukawati | ing jêng pangeran wus katur | caraka ngandikan karo ||

37. sêrat tinampèn sampun | laju binuka sinuksmèng kalbu | mèsêm suka Kangjêng Gusti Sukawati | punang caraka dinangu | pratingkahirèng palugon ||

38. katur sadayanipun | ing purwa madya wasananipun | jêng pangeran animbali pra bupati | Dipati Pugêr tan kantun | sami sinungan pawartos ||

39. pangeran ngandika rum | sarwi maringakên suratipun | Kakang Pugêr mantu dika Martasari | ing mêngko kênèng pinikut | mring Pangeran Arya Pamot ||

40. yêkti sakarsaningsun | yèn ingsun pundhut anuli katur | mung sêsolo si kulup Mangkunagari | kang wadon durung katêmu | lagi kinon angupados ||

41. iya panggonanipun | awor rabine Adhi Mas Dhandhun | Martèng jagad padha ngili maring wukir | Si Mangkunagara ngutus | mring wadya kinèn anyolong ||

42. Dipati Pugêr muwus | wong kudu jarag anêmu ewuh | wong ngawula ing Pangeran Martèngsari | môngsa bêcika tinêmu | ambantoni wong binoyong ||

43. pangeran siji iku |

--- 80 ---

pêpatute mung kinarya buruh | amêloto dhasar mathakil bakicik | ujare nora tinêmu | asênggrang aruwêt lonyot ||

44. suka kang sami ngrungu | Dipati Pugêr pamoyokipun | duta kinèn makuwon wuwusên enjing | pinaringan reyal sèwu | lan sêrat ingkang suraos ||

45. sun asung reyal sèwu | ganjaranira bêcik prangipun | maring Jayawinata satus sun piji | myang Kudanawarsa satus | luwihe dèn dum saraos ||

46. marang ing liyanipun | sun srahake maring sira kulup | waratane sagunge para prajurit | mung môngka tôndha sih ingsun | punang caraka wot sinom ||

49. Sinom

1. mantri caraka gya budhal | saking tanah Sukawati | ing marga datan kawarna | prapta ing nagri Matawis | pangeran duk siniwi | para mantri ngabên sawung | myang kang para bupatya | Jayawinata nèng ngarsi | sinambungan Tumênggung Kudanawarsa ||

2. Tumênggung Suradigdaya | Sura Mangunjaya malih | Tumênggung Malangnagara | Malang Drigama Ngabèi | kagyat caraka prapti | mundhi nawala sul-angsul | pangeran sigra têdhak | miwah sagung pra bupati | samya ngadêg dènira nampè sêrat ||Kurang satu suku kata: samya ngadêg dènira nampèni sêrat.

3. wusnya winaos gya lênggah | Pangran Mangkunagara ngling | marang sagung pra bupatya |

--- 81 ---

miwah sakèhing pra mantri | hèh sagung para mantri | miwah kang para tumênggung | kaliwat tinarima | pakaryanira ngajurit | mungsuh Paman Buminata Singasêkar ||

4. kangjêng kyai sung pratôndha | katrêsnan reyal sakampil | kinon ngêdum kang warata | marang sagunging prajurit | dene ingkang kapiji | pinaringan reyal nyatus | Paman Jayawinata | Kudanawarsa sirèki | sakarine kabagea kang warata ||

5. kampilan nulya binuka | kêtone anyar aputih | pangeran mèsêm ngandika | duk bêdhah Juwana kyai | olèhe kêton iki | Juwana kèh isinipun | wus dèn êdum warata | maring sagung pra prajurit | sigra lajêng kasukan angabên sata ||

6. mangsuli kang winursita | sutane Pugêr Dipati | Martasari rabinira | dèn pandungi sampun kêni | binêkta mring Matawis | panggih lawan lakinipun | Pangran Mangkunagara | Jawinata samya paring | mring dyan ayu arta kalawan busana ||

7. antara ing pitung dina | Kudanawarsa tinuding | mring Sukawati ambêkta | Radèn Ayu Martasari | miwah lakinirèki | ingkang kaping kalihipun | pangran nyuwun kang garwa | binêkta dhatêng Matawis | lampahira Tumênggung Kudanawarsa ||

8. praptane ing Sukawatya | laju umarêk ing gusti | matur

--- 82 ---

sawêwêlingira | Pangeran Mangkunagari | Jêng Gusti Sukawati | tanya duk umagut pupuh | Danawarsa tur sêmbah | katur solahing ajurit | langkung suka Pangeran ing Sukawatya ||

9. Kudanawarsa ginanjar | rasukan baludru tulis | sarwi lon andikanira | Jêng Pangeran Sukawati | hèh sira ingsun tari | iki mariyêm têtêlu | nèng kene tanpa karya | mungguh sira bêcik êndi | ana kene karo ana ing Mataram ||

10. tur sêmbah Kudanawarsa | pênêt wontên ing Matawis | prayogi ingkang panggenan | tuwin kangge damêl gusti | Pangeran Sukawati | karênan mangsuli dhawuh | iya Kudanawarsa | bênêr pikirira yêkti | yèn mangkono gawanên barêng lan sira ||

11. Danawarsa tur sandika | Jêng Pangeran Sukawati | dhawuh maring wadyabala | angrukti ingkang piranti | bupati kang tinuding | angatêr ing lampahipun | Tumênggung Sindusastra | Tumênggung Suryanagari | para Dêmang Sukawati mantri ngarsa ||

12. kang kinon angêmbanana | Jayadirana Ngabèi | nguni Bupati Juwana | saanak rayate sami | dyan ayu dèn dhawuhi | wusnya samêkta sadarum | gunggunge wadyabala | ingkang wahana turanggi | gangsal atus pitung atus kang adharat ||

13. budhal saking Sukawatya |

--- 83 ---

angidul dhatêng Matawis | ing marga tan winursita | sapraptanira ing Taji | wontên pêthukan malih | Suradigdaya Tumênggung | lan Sura Mangunjaya | bêkta wadya sawatawis | kalih atus samya wahana turôngga ||

14. sapraptanira Mataram | Pangeran Mangkunagari | amêthuk jawining kitha | prajurit ngurmati baris | drèl sanjata kaping tri | sinauran maryêm agung | praptaning pasanggrahan | swamining para bupati | sami sowan atur-atur kang sasêgah ||

15. anatur sinjang sêmêkan | kathah warnaning kang bêkti | Tumênggung Suryanagara | sakancane dèn saosi | pakuwon sêgah mintir | dalu tinimbalan nayub | samya dhatêngkên suka | wong Mataram cingak sami | anon solah bawane wong Sukawatya ||

16. tuhu samya wasis bêksa | angungkuli wong Matawis | sêmbada bagus ing warna | katon limpad barang kardi | sura panggah ing jurit | dhokoh saguh nora keguh | sagunge wong Mataram | tuwa anom jalu èstri | tansah ngungun miyat wong ing Sukawatya ||

17. Tumênggung Suryanagara | mring pangeran matur aris | bandara anuwun warta | rama paduka kêkalih | ing mangke wontên pundi | pangeran mangsuli muwus | taksih wontên Sêmbuyan | rêdi Ngadêg gone ngungsi | wiwit kala

--- 84 ---

kasêsêr prang ing Mamênang ||

18. paman sultan bêlis lanat | lawan Paman Singasari | laju bèncènging kang karsa | ngungun Dyan Suryanagari | sawusnya gangsal ratri | rêrêming para tumênggung | anèng nagri Mataram | wontên duta Sukawati | paring warta mring Pangran Mangkunagara ||

19. lamun Sultan ing Sêmbuyan | Dhandhun Martèngsari mangkin | utusan mring Surakarta | nungkul sagah mangun juribjurit. | mêngsah Mangkunagari | marmane kinèn anukup | Pangran Mangkunagara | miwah ingkang rayi kalih | akanthia Tumênggung Suryanagara ||

20. mung Tumênggung Sindusastra | ingkang tinimbalan mulih | lan sapalih para dêmang | mantuk maring Sukawati | ingkang tumut sapalih | mangkana sasampunipun | tampi ingkang timbalan | Pangeran Mangkunagari | lan Suwandi budhal saking ing Mataram ||

21. prajurit Mangkunagaran | sèwu wahana turanggi | prajurit ing Kapamotan | tigang atus kang lumaris | tri atus kang turanggi | Mangkuningratan winuwus | gangsal atus turôngga | gangsal atus kang lumaris | prajurite Tumênggung Suryanagara ||

22. kêkapalan miwah dharat | mung nigang atus tan luwih | nèng Pambrêkan tur uninga | marang Sultan Martèngsari | yèn karsa nungkul aris | sae kadadosanipun | kalamun datan [da...]

--- 85 ---

[...tan] arsa | badhe ginêcak tumuli | dèn atanggon ing aprang atarung dhadha ||

23. tigang ratri duta prapta | matur tan arsa bêdhami | Sultan Dhandhun Martèngsêkar | Pangeran Mangkunagari | ing sêmu wus udani | lamun sultan èstu têluk | mring nagri Surakarta | sigra dhawuh malih baris | Pangran Pamot lan Pangran Mangkunagara ||

24. anjujur wetan kewala | Tumênggung Suryanagari | Pangeran Mangkudiningrat | kinèn angalèra sami | Masaran kang dèn jogi | mangetan minggah mangidul | sampun amisah lampah | sigêgên ingkang lumaris | gantya ingkang cinatur sang mantrimuka ||

25. Pringgalaya sawusira | tampi srat têlukirèki | Sultan Dhandhun Martèngsêkar | sigra dènnya mundhut mêthil | kêkalih kang bupati | numbak anyar lawan sèwu | kang baris Trayêm desa | prapta Surakarta nagri | badhe kinèn mêthuk Sultan ing Sêmbuyan ||

26. Tuwan Oprup duk samana | wus tampi timbalan aji | mêthuk Pangran Buminata | Oprup maksih sônggarunggi | minta sarèh rumiyin | cinatur malih kang nglurug | marang tanah Sêmbuyan | Tumênggung Suryanagari | ingkang wantêr dhokoh dhikih ing ayuda ||

27. nora bangkit anyarèhna | ing karsa pêksa dhingini | ngajab agea tandhing

--- 86 ---

prang | lawan Sultan Martèngsari | sawadya andhingini | Manyaran minggah mangidul | gancangan lampahira | aja nganti prapta kari | purun gosok godhi lan Sultan Sêmbuyan ||

28. Pangeran Mangkudiningrat | bêktani mantri kêkalih | andhingini tuduh marga | mangkana kang anèng wukir | Sultan Amartèngsari | sampun ingaturan wêruh | yèn mêngsah lèr punika | ingkang sêdya gosok godhi | nama Radèn Tumênggung Suryanagara ||

29. sampun minggah ing Manyaran | prajurite winitawis | tigang atus kêkapalan | sultan kalane miyarsi | lamun Suryanagari | mèh prapta anêdya campuh | gugup ngundhangi bala | Sultan Dhandhun angoncati | budhal ngetan sabalane salang tunjang ||

30. Pangeran Mangkudiningrat | anggêlak lampahing baris | Tumênggung Suryanagara | ing Patêmon sampun prapti | Sultan Dhandhun wus sêpi | wadyane tan wontên kantun | bala Suryanagaran | gya sinêbar ngubrês ardi | nanging cuwa suwung tan manggih manungsa ||

31. Pangeran Mangkunagara | kalawan Suryanagari | utusan atur uninga | mring Jêng Gusti Sukawati | Sultan Dhandhun ngoncati | mangkana ingkang winuwus | kang wontên Pasumbêran | Kangjêng Gusti Sukawati | kang satuhu rêmbêsing madu kusuma ||

--- 87 ---

50. Dhandhanggula

1. Pangran Adipati Sukawati | senapati pramuka jayèngrat | undhang punggawa mantrine | arsa têdhak Matarum | nulya Pangran Panular prapti | anitih kuda tundhan | kang dhèrèk mung pitu | suwitane tinarima | pinaringan busana lawan turanggi | gya budhal mring Mataram ||

2. wontên kalih èwu kang turanggi | Adipati Pugêr kang rumêksa | Sukawati wêwêngkone | kanthi catur tumênggung | liyanipun para bupati | mantri ngabèi dêmang | andhèrèk sadarum | balabar ngèbêki marga | Kangjêng Gusti Adipati Sukawati | praptane ing Masaran ||

3. gya utusan mring Sêmbuyan wukir | dhawuh Pangran Amangkunagara | lamun arsa têdhak mangke | dhatêng nagri Matarum | pangran sawusira nampèni | duta laju budhalan | andhingini laku | anjujur ngilèn kewala | Pangran Mangkudiningrat Suryanagari | kinèn seba Masaran ||

4. tata sêsugun saurut margi | Mangkudiningrat Suryanagara | wusnya sangkêp pangruktine | sowan ing ngarsa tundhuk | ngaras pada dinangu sami | satingkahing ayuda | sami aturipun | duk aprang anèng Mamênang | wus ginalur purwa madya amêkasi | suka kangjêng pangeran ||

5. nèng Masaran rêrêm kalih ratri | nulya budhal dhatêng [dha...]

--- 88 ---

[...têng] ing Mataram | gumuruh wadyabalane | wau ta lampahipun | Pangran Arya Mangkunagari | jujur wukir kewala | Magiri jogipun | sapraptanira Mataram | Dyan Tumênggung Jawinata dèn dhawuhi | yèn kang rama mèh prapta ||

6. abusêkan sagung wong Matawis | Jayawinata kinèn amapag | saênggone kapêthuke | budhal sawadyanipun | baris Lengkong sami kinêrig | suta myang pêpulunan | binêkta amêthuk | sèwu nêmatus turôngga | wus kapêthuk Kangjêng Gusti Sukawati | anèng ing Parambanan ||

7. gurawalan dènira ngabêkti | sarpisarwi. karuna Jayawinata | dalah suta pulunane | nangis pating salênggruk | langkung trustha duk aningali | Pangeran Sukawatya | maring wong Matarum | santanane Jawinata | tuhu katon êbèrbudi kaduk wani | sêmbada warnanira ||

8. lajêng dinangu winiji-wiji | suta lawan pêpulunanira | nak-sanak lan misanane | andikanira arum | Kangjêng Gusti ing Sukawati | maring Jayawinata | besan kramanipun | hèh Jayawinata sira | ingsun ajak sapati urip lan mami | anêbus tanah Jawa ||

9. Jayawinata umatur nangis | adhuh gusti pun Jayawinata | kang dadosa têtawure | saanak putu ulun | anglabuhi

--- 89 ---

bêbantu jurit | pangran suka miyarsa | antêping tumênggung | saksana ngaturan budhal | Dyan Tumênggung Suryanagara kang dhingin | lawan Mangkudiningrat ||

10. sapraptane sawetaning nagri | ingurmatan prajurit kapalan | myang dharat dhêndhêng barise | rung-urung pinggir dlanggung | Pangran Arya Mangkunagari | ingkang nindhihi wadya | Carabalèn umyung | Kodhokngorèk munya ngangkang | angêrangin pradôngga kang urut margi | drèl maryêm myang sanjata ||

11. asauran gêtêr magêtêri | katon untapinguntabing. wadya Mataram | asri tinon busanane | pangeran wus atundhuk | ngaras pada sarwi ngaturi | kang rama umanjinga | myang sawadyanipun | jro baluwarti Mataram | Pangran Mangkunagara makuwon jawi | lèr ngalun-alun mrênah ||

12. rawuh lajêng lênggah ing pandhapi | pra bupati ngandikan sadaya | ingajak sarêng dhahare | suka bujana nginum | Jêng Pangeran ing Sukawati | jroning tyas analôngsa | nênggak waspanipun | saking dahat tan anyana | lamun antuk rahmating Hyang kang linuwih | ngrêda balane lêksan ||

13. wus bubaran amakuwon sami | cinarita ing sarawuhira | pangran nèng Mataram mangke | wadyane wêwah agung | punggawane apêkik-pêkik | sangkêp sarwa sêmbada | tan kuciwèng sêmu |

--- 90 ---

pangran wus kadya narendra | nanging dèrèng anêdya jumênêng aji | sanadyan wus samêkta ||

14. kang kaèsthi ing siyang myang ratri | amung kaprawiraning ayuda | kang munjuli sêsamane | kathahing wadyanipun | duk punika sampun nyamèni | lan kang raka sang nata | myang punggawanipun | warata asugih bala | busanendah prabot kapraboning jurit | abra maneka warna ||

15. nuju ing ari Rêspati Manis | kangjêng gusti miyos sinewaka | ing wadya punggawa andhèr | pra agung munggèng ngayun | jêng pangeran ngandika aris | kulup ing mêngko sira | sun paringi juluk | Dipati Mangkunagara | senapati paprangan panata baris | lêlana dikarèngrat ||

16. Jayawinata ingsun paringi | nama Adipati Jayaningrat | suta lawan pulunane | katêlu ingsun pundhut | ingsun junjung pangkat bupati | pulunan Puspajaya | sun paringi juluk | Tumênggung Sujanapura | sutanira Sêcawijaya Ngabèi | lan si Ôngkawijaya ||

17. Sêcajaya sun paringi nami | Radyan Tumênggung Jayanagara | ana dene ta adhine | Ôngkawijaya iku | ingsun ganjar nama ing mangkin | Tumênggung Jawinata | kaya ramanipun | dene lêlungguhe padha | sèwu limang atus bupati sawiji | sawah Mataram [Ma...]

--- 91 ---

[...taram] jaba ||

18. lawan ingsun mundhut sawah malih | urut Baligo ing pinggir marga | amung kang rongèwu bae | ingsun paringkên iku | maring Adhi Suryanagari | lan sakarênaningwang | sun paringi juluk | Dipati Suryanagara | lêlungguhe rongèwu sawah Matawis | dene lungguhe lama ||

19. sèwu limang atus ingkang sabin | sun paringkên Adhimas Panular | lan ingsun êlih namane | ingsun paringi juluk | Pangran Mangkukusuma mangkin | lan Si Samadipura | arane sun pundhut | ingsun êlih kaarana | Dyan Tumênggung Wiradigda lawan malih | ya Si Sutadipura ||

20. namanira mêngko ingsun êlih | aran Dyan Tumênggung Môndaraka | bupati ing katêlune | dadia kanthinipun | anunggala pakaryèng jurit | lan Bupati Mataram | ngarêpêna Kêdhu | dèn golong gêlênging rêmbag | punggawa tri kang saking ing Sukawati | ingkang môngka manggala ||

21. Adhi Dipati Suryanagari | têpunga lan Dipati Janingrat | sabarang ing rèh rêmbuge | lawan malihe kulup | Jayaningrat sutane èstri | sun pundhut adhaupa | antuk putraningsun | Dyan Mas êntho ing samangkya | ingsun junjung nama Pangeran Dipati | Anom nagri Mataram ||

--- 92 ---

22. Pangran Dipati Mangkunagari | undhang-undhang mring kang asumewa | padha angèstokna mangke | mring sagung kang jinunjung | pra bupati asaur pêksi | kangjêng gusti wus jêngkar | gya pangeran kondur | prapta dalêm pasanggrahan | dhahar sarêng lan sagunge pra bupati | samya dhatêngkên suka ||

23. gantya cinatur nagri pasisir | twan kumêndur myang gurnadur jendral | samya miyarsa wartane | yèn mêngsah angêndhanu | Pangran Arya Amangkubumi | wus ngancik ing Mataram | wong Jawa sumuyut | ngrêda dadra ngômbra-ômbra | wuwuh imbuh èwon lêksan ingkang baris | nging dèrèng madêg nata ||

24. tuwan kumêndur utusan malih | kang ingutus Radyan Endranata | lan Surayuda kanthine | Patih Samarang iku | katigane Pangeran Wijil | Pangran Mangkunagara | duta jujugipun | sangsaya ngungun tumingal | Endranata mulat gunge wong Matawis | tinon kadya samodra ||

25. prapta pukul sanga ingkang wanci | pinaringkên mring Kudanawarsa | de prênahing pakuwone | salèring alun-alun | Danawarsa duk amanggihi | sinjange parang rusak | songkok bludru wungu | apaningsêt cindhe kêmbang | kadi Bambang Swatama amagut jurit | apracôndha dahana ||

26. wadyanira satus kang sumiwi | palawungane Kudanawarsa |

--- 93 ---

wontên rongatus karbine | bainèt wontên satus | bêstrongipun sawidak kalih | waos cêmêng lan benangberang. | wontên tigang atus | bung ngampèlan tumpêr ingas | lan talêmpak cêmêng ingkang ginaran dim | kancana kawan dasa ||

27. Danawarsa duk praptaning tami | angidhuni sakidul pandhapa | angrapèpèh pamêthuke | Aryèndranata dulu | micarèng tyas patut wong iki | kaya Bambang Swatama | gagah tur abagus | sawusnya tata alênggah | Danawarsa ngabêkti Pangeran Wijil | lajêng mring Endranata ||

28. Aryèndranata kagyat ing galih | mung nampèni salaman amêksa | Danawarsa pangujunge | sawusnya sami lungguh | Endranata agung anglirik | mijil sugatèng wedang | punakawan sêlur | naracak pêndhoke êmas | sabuk cindhe kathah ingkang bêbêd kêling | polos myang supit urang ||

29. Kudanawarsa umatur aris | maring Radyan Arya Endranata | paduka punapa supe | dhatêng ing raga ulun | Endranata kagyat ningali | sarwi mangsuli sabda | tuhu datan emut | nauri Kudanawarsa | pan kawula punika abdine lami | wayah paduka pangran ||

30. inggih pun Wiradiwôngsa nguni | Arya Endranata kagyat jola | marêpêki ngrangkul age |

--- 94 ---

dhuh nyawa putraningsun | tan ngrêmpêlu lan ora ngimpi | sira Wiradiwôngsa | ing panduganingsun | putra santana Madura | lamun ora pranakan ing Surawèsthi | gagah bagus warnanta ||

31. dene têka bisa anglakoni | Wiradiwôngsa nora kayaa | samene kadadeane | Kudanawarsa matur | inggih bêrkat paduka ugi | lan malih inggih darma | nglampahi pituduh | kang mratikêlakên lampah | sabarang rèh ri paduka Dyan Dipati | Pugêr gih Martapura ||

32. mangke sampun kalampahan yêkti | samya miturut satuturira | têka samantên dadose | amung pawitan purun | lan pawitan wani ngêmasi | ngandêl kumandêl pasrah | mring Hyang Maha Luhur | ing mangke gusti kawula | Kangjêng Gusti Adipati Sukawati | ing pramuka jayèngrat ||

33. sugih wadyabala êmas picis | sami lan kang raka sri narendra | malah inggih watawise | akathah kaotipun | mênggah arta sugih kang rayi | wadya wahana kuda | langkung gangsal èwu | andêle wong jro kewala | kalih èwu kawan atus kang pinilih | kawan atus punika ||

34. ingkang pasthi binêkta ngêmasi | bupatine sampun tigang dasa | nigang atus prajurite | Aryèndranata ngungun | yèn mangkono gustimu iki |

--- 95 ---

duwe bala salêksa | Danawarsa matur | sayêkti langkung salêksa | wayah tuwan kewala lamun kinêrig | wus langkung pitung nambang ||

35. wusnya Endranata amangsuli | datan krama mring Kudanawarsa | pan lajêng kinulup bae | Danawarsa Tumênggung | suka anrus ing lair batin | tamu ngaturan siram | pinrênahkên sampun | langgare Kudanawarsa | apan botên sinowanakên tumuli | angantos tigang dina ||

36. ênjing wontên dhawuh angundhangi | kèndêl asar sagunging bupatya | ngandikan saprajurite | ajar prang alun-alun | asikêpa kaprabon jurit | lor ngalun-alun wana | Tarataban ngriku | ara-arane ajêmbar | lêlongkange papan ingkang dèn pondhoki | kinarya gêgulang prang ||

37. Danawarsa kancanira prapti | para tumênggung Mangkunagaran | samantri myang prajurite | Kudanawarsa matur | kula mugi tuwan alimi | dintên ajar-ajaran | sayêktine pêrlu | sapalih prajurit kula | kang umiring sapalih jagi ing ngriki | têtindhih pêpulunan ||

38. inggih Jayasimpangan Ngabèi | rumêksaa dhatêng ing paduka | nyaosi barang karsane | wit saking dhawuhipun | kangjêng gusti dintên puniki | gêgulang campuh ing prang | dene

--- 96 ---

rekanipun | bêndara kula pangeran | sabalane kanthi Dipati Matawis | dalah wadya santana ||

39. miwah ingkang pra mantri pinilih | gêlêng gumolong sapabarisan | kang minôngka Kumpênine | dene ta mêngsahipun | pra bupati ing Sukawati | lawan Mataram tiga | senapatinipun | Dipati Suryanagara | banderane sagung bupati nyasupit | tuwin wontên nyakawan ||

40. Danawarsa lajêng mangkat baris | Pangran Dipati Mangkunagara | ingkang dadi Sakèbêre | ing baris Pothok kumpul | têtêl atap têtêp apipit | êlèr lun-alun gènya | tinon kadi mêndhung | Radèn Arya Endranata | sarewange ningali angintip-intip | ngungun myat kèhing janma ||

41. apan sami sinaosan kursi | dene Ngabèi Jayasimpangan | amrih jênak pandulune | wau ta ingkang mungsuh | barisira sampun miranti | ingkang manggèn panjawat | kanan keringipun | pra bupati Sukawatya | sawadyane dene ingkang andhadhani | senapatining yuda ||

42. Radyan Dipati Suryanagari | ngagêm songkok baludru rinenda | panji-panji lancingane | cindhe paningsêtipun | nyampingira boja sêlari | rasukan karatean | katri dhuwungipun |

--- 97 ---

winangking miwah inganggar | nitih kuda pancal sinongsongan putih | kadya Ratu Ngawôngga ||

43. samya songsongan para bupati | ngajêngakên senapatinira | ngantosi dhawuh campuhe | wau kang munggèng panggung | Kangjêng Gusti ing Sukawati | mriksa cacahing wadya | êlèr alun-alun | ingkang dharat tigang lêksa | tigang èwu kawan èwu kang turanggi | mariyêm kawan wêlas ||

44. kalôntaka kawan dasa kalih | ingkang baris ing wetan winarna | duk winilis iing. cacahe | kapalan pitung èwu | kawan atus sawidak kalih | katur sagunging cacah | wau wong dêdulu | jalwèstri lir garêbêgan | sabên dina ajar kathah ingkang prapti | wong desa pagunungan ||

45. sigra dhawuh campuh ing ajurit | Radyan Dipati Suryanagara | aba sarêng ing angsahe | pangawat têngênipun | Janapura Jayanagari | sawadyane turôngga | atêngara umyung | kêndhang gong bêndhe wurahan | sarêng surak acampuh bêdhil-binêdhil | nusup pangawat kiwa ||

46. kang nindhihi bupati kêkalih | Jayadirja lan Ranadiningrat | sarêng giyak panêmpuhe | baris kilèn gya nambur | barung slomprèt bêndhe tinitir | samya surak sauran | Carabalèn umyung | Kodhokngorèk [Kodhokngorè...]

--- 98 ---

[...k] munya ngangkang | kalôntaka mriyêm bêdhil sarêng muni | lir pendah arga gograg ||

47. pindha amuk angungkih tan kongkih | aprang kuda anêsêk anunjang | dharat agagah tangguhe | lôntaka maryêm agung | kadya gêlap lor kidul muni | kukus lir ampak-ampak | kagulung ing mêndhung | sakala pêtêng limêngan | datan antuk corok prajurit turanggi | mangsah angangah-angah ||

48. suka samya ingkang nêningali | tangkêp kadya aprang têtêmênan | wus dangu rukêt pêrange | lajêng ngundhangan mundur | samya kèndêl obat winilis | kang kalong prang turôngga | tigang lêksa patrum | mariyêm lan kalôntaka | satus kati wau ta prapta anggili | jodhang tong gêgotongan ||

49. Endranata mitênggêng ningali | satus eram pirang èwu eram | Jasimpangan tinanya ge | apa ta sabênipun | pêndhak Rêbo ajar ing jurit | matur kang tinakonan | sampun adatipun | sabên ajar prang turôngga | tigang lêksa patrum têrkadhangan luwih | mangke yèn aprang dharat ||

50. kawan têngah lêksa patrum ênting | punika tong anggili gotongan | mangke prang dharat kanggene | jodhangan isinipun | pan sêmôngka minôngka paring | sagung mantri punggawa | Endranata muwus |

--- 99 ---

kang payung putih nèng wetan | angran sapa kang tinanya anauri | inggih dede angeran ||

51. pan punika tungguling bupati | Radyan Dipati Suryanagara | pun Suwandi kala rare | bagus prawirèng punjul | mila sangêt dipun kasihi | wus ingakên santana | kalangkung dèn ugung | Dipati Suryanagara | Radèn Arya Endranata duk miyarsi | ngungun sarwi ngandika ||

52. katon dahat têka wuwuh sigit | Si Suwandi dadi wong Mataram | sêmbada solah bawane | lawan busananipun | pan sumamar lan para gusti | pangran putra narendra | amor nora kantun | Jayasimpangan aturnya | lênggahipun Suwandi sabin Matawis | kalih èwu andurma ||

51. Durma

1. wadya dharat dhinawuhan ajar ing prang | sigra Suryanagari | anêmbang têngara | bêndhe agêng sadasa | kalih dasa ingkang alit | gong bèri gôngsa | salawe agêng alit ||

2. tamburira cacahe salawe êprah | sarêng munya tinitir | swara sru wurahan | barung swaraning janma | giyak surak wanti-wanti | kadya ampuhan | barung udan sêmèni ||

3. wadya dharat akukuk sarêng umangsah | senapati ngawaki | dadya rêbut papan | pangawat kering kanan | bupatine angawaki | abêbêdhilan | rame [ra...]

--- 100 ---

[...me] rok silih ungkih ||

4. ingkang pindha Walônda êdrèle munya | mariyêm anauri | kukusing sandawa | kadi blêdug katiga | ampak-ampak anampêki | mungsuh angidak | nusup kukusing bêdhil ||

5. bingung liwung kuwur dene kamomoran | kang apindha Kumpêni | drèle kalantaka | sungsun mariyêmira | pangrasane kang miyarsi | kadya ngrubuhna | wukir gêng ing Marapi ||

6. Senapati Dipati Suryanagara | lan sagung pra bupati | wuru prang anunjang | samya narik curiga | ting jalêrit wong ningali | nunjang anepang | angidak angakahi ||

7. wusnya dangu tinêtêgan mundur ing prang | sarêng unduring kalih | dhadhal kang pangawat | kacaryan kang umiyat | Aryèndranata lingnya ris | punjul ing jagad | Pangeran Mangkubumi ||

8. pan wus kadya prabawane naradipa | tuhu lananging bumi | Jêng Gusti Pangeran | Dipati Sukawatya | marma dèrèng amanggihi | dutèng Samarang | dene sawêg nimbali ||

9. Adipati Pugêr benggol Sukawatya | inganti antara ri | bubaring ajar prang | Pugêr praptèng Prambanan | wadyanira kang umiring | wahana kuda | sèwu kapara luwih ||

10. sang dipati dalu nglampahkên caraka | dhatêng nagri Matawis | jujug pondhokira | Rôngga Wirasêtika |

--- 101 ---

aminta kirim prajurit | wahana kuda | sèwu lumaku wêngi ||

11. asamêkta Dyan Rôngga Wirasêtika | lawan Suryanagari | myang para bupatya | urunan kirim bala | samya wahana turanggi | sikêp gêgaman | bandera warni-warni ||

12. mangkat dalu mêthuk maring Parambanan | praptane wus kapanggih | lan Pugêr Dipatya | enjing sigra budhalan | kalih èwu kang turanggi | banderanira | angalih dasa sisih ||

13. wadyanira ingkang dharat kalih nambang | gunggunge ingkang baris | dados kawan nambang | tamburipun nêmbêlas | saking gêndhunge dipati | dutèng Samarang | dimèn gawoking ati ||

14. kang amêthuk Tumênggung Jayawinata | Wiranata akanthi | Suramangunjaya | miwah Suradigdaya | enjing Kudanawarsa ngling | mring tamunira | rayi paduka prapti ||

15. Adipati Pugêr punika kang wadya | praptèng lun-alun gili | mêdhun sing turôngga | duta Samarang miyat | prajurit kang munggèng ngarsi | kang kêkapalan | sèwu dhomas watawis ||

16. Danawarsa matur lah inggih punika | balane sang dipati | kalih èwu dharat | kalih èwu turôngga | Kodhokngorèk gong saruni | pradôngga miwah | Carabalèn nèng wuri ||

17. gèdhèg-gèdhèg ngungun Arya Endranata | setanên wong puniki | hèh Kudanawarsa |

--- 102 ---

ramakmu Si Paridan | têka dinulur Hyang Widhi | apa ta baya | ngèlmune bêlis iki ||

18. anèng wuri titihane tandhu lawan | ginarbêg magêrsari | satus tumbak benang | angangge gêrandhi mas | ampilan nèng ngarsa sami | myang kering kanan | bra sinang busana sri ||

19. arasukan sêsêlir kêthu bathokan | sarwi angagar bodhing | tan nganggo dhuwungan | nyamping sarung samboja | jêjenggotira pinidih | tênaganira | lir dhaènge wong Bugis ||

20. pan sarakit sisih ampilan canela | kang sami ngampil-ampil | sami ngangge jangkang | wangun panjang cêrapang | endhong suwasa rong rakit | sinêling êmas | miwah gandhewa kalih ||

21. gandhewane ingaranan Baleragas | êmas sinilih asih | Pugêr jujugira | pondhok Mangkunagaran | Pangeran Mangkunagari | mêthuk ing lawang | kumrutug kang ngurmati ||

22. pra bupati wus aglar sakenjing mila | miwah kang para mantri | myang para santana | pêpak samya kêmpalan | pangeran arsa manggihi | têtamunira | dutanipun Kumpêni ||

23. Adipati Pugêr sawusira prapta | pangeran gya nimbali | mring Kudanawarsa | ngirid dutèng Walônda | Endranata Pangran Wijil | panggènanira | ing wetan dèn saosi ||

--- 103 ---

24. sakidule lênggahe Pugêr Dipatya | dyan dipati anunggil | saklasa kalawan | Pangran Mangkunagara | duk prapta Pangeran Wijil | pangeran têdhak | kurmat angacarani ||

25. lah kiyai sami lajênga kewala | Pangran Mangkunagari | lan Wijil salaman | nulya Pugêr Dipatya | sawusnya sagung bupati | kinèn ngujunga | dhatêng Pangeran Wijil ||

26. Endranata ngungun mulat pra bupatya | samya sigit awingit | tapsila susila | cahyanya bang sumringah | sinawang langkung rêspati | kasor prabawa | pra bupati nagari ||

27. Pangran Mangkunagara alon ngandika | kadi pundi puniki | têka tanpa wêkas | karêpe Si Walônda | wira-wiri dèn kongkoni | jêr wus kaliwat | panulunging Kumpêni ||

28. Endranata umatur marang pangeran | dhuh anggèr salamnèki | ibu jêngandika | lan malih kintun dhêsthar | parang rusak alit-alit | lan cêmukiran | gène nyêrat pribadi ||

29. lan paningsêt pêlangi têpèn sakêbar | pangran ngandika aris | ibu karaharjan | kraos wontên Samarang | Aryèndranata turnya ris | inggih raharja | Pugêr lajêng nambungi ||

30. sira iku Endranata lakunira | mundhak kakèhan sikil | sira kilap apa | dhingin [dhi...]

--- 104 ---

[...ngin] duk anèng wana | prandene sira aturi | gusti tan arsa | iya ta mêngko malih ||

31. wus kakiyuk papusêre tanah Jawa | ewon lêksan kang abdi | kayapa karsaa | mungguh pangipukira | Aryèndranata nauri | jênênging tuwa | môngsa mundura mami ||

32. ginagêtak sinêntak masa maria | wong tuwa amrih bêcik | lali luput ala | bubuhane wong tuwa | nora nganggo wêdi isin | sapa kang nacad | liya kadang pribadi ||

33. gêmah rusak sapa rowange ngrasakna | mungguh nagara Jawi | yèn nora lan kadang | kapriye mungguh sira | sun iki sira arani | jêlèhi mata | ambosêni kêkirik ||

34. iya bênêr sabarang pangucapira | sayêkti sisip mami | mung apuranira | luputing kuna-kuna | ing jamane môngsa lali | ing mêngko iya | anggêpên jaman eling ||

35. Adipati Pugêr alon saurira | rusuh dadine iki | asru angandika | Pangran Mangkunagara | marang sagung pra bupati | tandhinge apa | bae apa ta apit ||

36. lamun bae padha mèlu ngêndi sira | sarêng ture bupati | tumut sawung kula | myambaki sang dipatya | dadya tan ana ngiloni | Aryèndranata | pangran ngandika malih ||

37. olèh têmên tandhing padha jago

--- 105 ---

kawak | padha adone kalih | nanging kari gabah | babae wong Samarang | gula batu tèh cangkuwih | paman dipatya | gabah dhangkèling kunci ||

38. bok manawa padha sêru gitikira | kari pêdhêse yêkti | pêdhês man dipatya | palangkringane sela | Aryèndranata nauri | botên bêndara | pun paman adipati ||

39. duk Jakawal kula inggih sampun kalah | sampun karoban tandhing | ing Jakawal wana | ing Samawis nagara | pamère tiyang Samawis | dados padinan | wontên ing Sukawati ||

40. Adipati Pugêr alon wuwusira | Endranata sirèki | sabênêring lampah | nora gêlêm dinuta | yèn ora gawa lih-olih | êndhas nèng ancak | êndhase patih kalih ||

41. dhase Sindurêja dhase Pringgalaya | dhase kumdur Samawis | iku bok manawa | yèn ora mangkonoa | nora duwe ujar kalih | wong wis tinêmah | tiba alara pati ||

42. nora merang mênang ngukup kalah ilang | pan uwis dèn lakoni | mêngko mindho sira | ngipuk mêmanas driya | dadak kêthimak-kêthimik | tikus angarah | arsa ambadhog kucing ||

43. wong wus nora dèn karsakakên amêksa | dadine wong kumaki | gumagah gumisa | wong wus wêruh têtela |

--- 106 ---

lamun dhangkèl Sukawati | wus anêmpuh byat | tan bisa amindhoni ||

44. samya suka gumujêng kang pra bupatya | pangeran ngandika ris | suwawi aseba | Paman Pugêr kalawan | kabèh kang para bupati | ngirid caraka | ingkang saking Samawis ||

45. sarêng budhal sing pondhok Mangkunagaran | gumrêdêg pra bupati | praptane paseban | canthèl atur ngandikan | Pangeran Mangkunagari | lawan Dipatya | Pugêr ngandika dhingin ||

46. katigane Adipati Jayaningrat | myang sagung pra bupati | pangran atur sêmbah | paran karsa paduka | Kangjêng Gusti Sukawati | alon ngandika | iya undangên aglis ||

47. ngarah apa kulup ingsun nêmanana | ingsun tan sôngga-runggi | awit praptanira | sêdyane amrih arja | tuluse kang bumi-bumi | yèn tinuruta | cupêt pakaryèng jurit ||

48. dadya kêdhik kaluhurane wong Jawa | nora tabêting jurit | iku karsaningwang | kulup Mangkunagara | dèn padha eling nglakoni | anjunjung bôngsa | môngka ngulihkên aji ||

49. nêmbah matur Dipati Mangkunagara | lamun makatên inggih | nuntên tinimbalan | Dyan Arya Endranata | pangeran mêdal pribadi | sapraptanira | sri manganti dhawuhi ||

50. lah suwawi Paman [Pama...]

--- 107 ---

[...n] Wijil ingandikan | kêkalih lan pun kaki | mung ingkang satunggal | pêpatih ing Samarang | dimène kantun nèng jawi | kanthi bupatya | papat ingkang manggihi ||

51. Paman Rôngga kalawan Suryanagara | Janapura sirèki | myang Kudanawarsa | kapat samya ngandikan | sigra sarêngan lumaris | praptèng ngayunan | amung Pangeran Wijil ||

52. ingkang sinaosan kursi pan satata | Endranata alinggih | nunggil pra bupatya | Dipati Jayaningrat | Pangeran Mangkunagari | lênggah anunggal | Pugêr Suryanagari ||

53. wusnya tata lênggah katur punang surat | mring Pangran Sukawati | sêrat gya binuka | sinuksma ing wardaya | mangkana wuryaning tulis | pèngêt kang sêrat | kanthi puja basuki ||

54. ingkang mijil saking sukcining wardaya | sing mitranta kang asih | Kumêndur Samarang | Baron Hondorêp ingkang | amisesa ambawani | pasisir Jawa | bang êlèr wetan sami ||

55. waranane para radpêni India | kang agung ambawani | tah talatahira | bawah angin sadaya | prakosa prawirèng jurit | abandhu bôndha | sih marma mring sêsami ||

56. kaatura ing mitranta kang sumbaga | wong agung ing Matawis | kang bêg martotama | musthikaning rat Jawa | ingkang asêsilih nami |

--- 108 ---

Kangjêng Pangeran | Dipati Sukawati ||

57. senapati ing prang pramuka jayèngrat | wiyosipun Kumpêni | umatur pratela | mung amamrih raharja | kalamun panujwèng galih | pangran ngaturan | kondur dhatêng nagari ||

58. ingkang raka Sri Bupati Surakarta | ing mangke wus marêngi | asrah ingkang praja | paduka jumênênga | Prabu Anom Senapati | sakarsanira | kèhe kang lênggah siti ||

59. nadyan nyuwun sapalih anggêre tunggal | Kumpêni anjurungi | karsane narendra | mupakat kang pirêmbag | lan sagung para radpêni | atapak asta | tanah Jawi pinalih ||

60. sawusira winaos kang ponang surat | sêrat nguncalkên aglis | marang ingkang putra | Pangran Mangkunagara | winaca sinuksmèng galih | mèsêm pangeran | anêmbah matur aris ||

61. langkung sae paduka yèn ngarsakêna | ing rèh pating kacimih | punapa ing kina | pan botên sapunika | mila anyênyakit galih | alon ngandika | Jêng Gusti Sukawati ||

62. inggih adhi dika makuwon ing benjang | sêrat kula angsuli | miwah sira Arya | Endranata mêtua | dene ta ing karsa mami | tan bangkit owah | wuwus kang wus kawijil ||

63. Pangran Wijil Endranata samya mêdal | makuwon gone [go...]

--- 109 ---

[...ne] lami | anèng wismanira | Tumênggung Danawarsa | mung ngantos sadalu malih | enjing sinungan | sul-angsul karya kingkin ||

52. Asmaradana

1. surate kumdur Samawis | samana wus winangsulan | dutane sinung pasangon | anyatus duta katrinya | Pangeran Sukawatya | kintun dhatêng kang bok ayu | Kangjêng Ratu Madurêtna ||

2. lawon alus ing Matawis | patbêlas kodhi kang wiyar | kang ciyut samya cacahe | lawan Ratu Madurêtna | Twan Kumêndur Samarang | kinintunan sarang burung | akanthi dhèndhèng mênjangan ||

3. wowohan awarni-warni | dadya kalih bêlah rêmbat | gotongan sèkêt cacahe | budhal saking ing Mataram | dutanipun Walônda | ing marga datan winuwus | praptane nagri Samarang ||

4. surat ingaturkên aglis | tinampan ing juru basa | winaca katur artine | kumdur dahat dènnya eram | sèwu nora anduga | kukuh bakuhe tan keguh | nora pisan nganggo mêmbat ||

5. cinatur para bupati | pasisir êlèr myang wetan | wus asayuk ing sêdyane | samya atur kapênêdan | ing Pangran Sukawatya | nanging sinamun ing laku | mamrih aja kawistara ||

6. môngka tôndha têluk batin | atur barana myang arta | kang nglangkungi sasamine |

--- 110 ---

mung Bupati Surabaya | lan Bupati ing Tuban | Sasranagara Tumênggung | Sawunggaling Wirasraya ||

7. angaturakên prajurit | sinuwurkên lamun minggat | Jawa pitung dasa kèhe | Bugisipun pitung dasa | samya wahana kuda | Kapitan Bugis Sêmangun | lawan Kapitan Juwana ||

8. prajurit ing Surawèsthi | Pulangrêsmi tindhihira | prajurit Tuban tindhihe | anama Jayèng Ranginan | samya lêrês santana | bra sinang busananipun | jangkêp sikêping ayuda ||

9. wusnya bidhal kang prajurit | têlik sigra tur uninga | Tuwan Kumêndur nulya ge | utusan mring Surabaya | miwah dhatêng ing Tuban | amikut bupati têlu | linajêngkên mancal layar ||

10. binucal Selong nagari | prasamya datan anyana | bupati ing katigane | wau ta malih kocapa | kang wontên ing Mataram | kang tan pêgat amêmangun | anata prajuritira ||

11. miwah sagunge bupati | kang môngka manggalaning prang | pinilih kang pambêkane | santosa wantêr ing yuda | jêng gusti dèrèng karsa | ingaturan madêg ratu | mring sagung punggawanira ||

12. malah arsa wangsul malih | têdhak dhatêng Sukawatya | mawi mangidul lampahe | angampiri ing Sêmbuyan | rayi ingkang ngucira | tinêdhakan karsanipun | darapon [dara...]

--- 111 ---

[...pon] purun panggiha ||

13. Dipati Pugêr tinuding | lan Tumênggung Jayadirja | anênggêl ngambah mangalèr | mêdal Piji Wanakarta | kinon ngêlar jajahan | kang dhèrèk mring Wukirkidul | Dipati Suryanagara ||

14. mung wangsul Sêmbuyan wukir | dene kang têngga Mataram | Pangeran Dipati Anom | rinêksa ing maratuwa | Dipati Jayaningrat | kalawan para Tumênggung | kadang kadeyan Mataram ||

15. pra Bupati Sukawati | kang tinilar ing Mataram | katiga Senapatine | wong pinilih pitung dasa | sangkêp kapraboning prang | têtindhihe mantri pitu | rumêksa Pangran Dipatya ||

16. Pugêr budhal ngrumiyini | lan Tumênggung Jayadirja | lampahe nênggêl mangalèr | nurut margi gêng kewala | anjog ing Wanakarta | menggok ngilèn akêkuwu | anèng dhusun Kadirêja ||

17. sira Pugêr Adipati | Dyan Tumênggung Jayadirja | ngirupi wong desa kabèh | kang tumut bumi Samarang | anut datan suwala | mangsuli ingkang kawuwus | Kangjêng Gusti Sukawatya ||

18. kang anèng nagri Matawis | budhalan saking Mataram | Magiri ngetan lampahe | Pangeran Mangkudiningrat | lawan Suryanagara | ingkang dhèrèk têdhakipun | de Pangran Mangkunagara ||

19. mêdal saêlèring wukir | lan Rôngga Wirasêtika |

--- 112 ---

katri Pangran Arya Pamot | anjog ing Laroh aminggah | wau Kangjêng Pangeran | Sukawati têdhakipun | Suryanagara nèng ngarsa ||

20. wadyane mung sawatawis | ingkang wahana turôngga | mung kalih bêlah cacahe | tiga bêlah ingkang dharat | waos cêmêng lan benang | lampahe tansah sinêrung | ngantos têbih lan pangeran ||

21. ciptane agea panggih | awani takêr ludira | sêbah dènnya myarsakake | dene karsane tan kaprah | môngka Suryanagara | kalêbêt santananipun | sing kang ibu lêrês misan ||

22. marma Radyan Adipati | Suwandi Suryanagara | tyasira kadya binrongot | ngajab nuli kapanggiha | lan Pangran Buminata | arsa tinumbaka gapyuk | amrih rupêtingcupeting. pocapan ||

23. mila anginthar angênthir | agung dènnya misah lampah | kadhang mung bala salawe | kadhang bêkta kawan dasa | amrih sagêd panggiha | nanging sabên dhawah suwung | Pangran Buminata nilap ||

24. Kangjêng Gusti Sukawati | sawadyane maksih têbah | kang manganjuri lampahe | Dipati Suryanagara | wus prapta ing Sêmbuyan | ngosak-asik Gunungkidul | ngubrês Sultan Buminata ||

25. nanging tan sagêd kapanggih | Jêng Sultan nilap [nila...]

--- 113 ---

[...p] umpêtan | cinatur kang mêdal êlèr | Pangeran Mangkunagara | Rôngga Wirasêtika | lan Pangeran Pamot sampun | prapta ing dhusun Sêmbuyan ||

26. Sultan Dhandhun Martèngsari | wus ngalih gènya umpêtan | dadya mung panggih barise | Dipati Suryanagara | pangeran angandika | paman kula dahat ngungun | tyas kula botên sakeca ||

27. mênèk paman kang nyalênthik | panilape paman sultan | myang Paman Singasarine | jêr paman sanake misan | matur Suryanagara | anggèr kang akèn lumayu | jêr anggèr putra ponakan ||

28. pangeran gumujêng bêlik | suka gumêr kang miyarsa | dènira poyok-pinoyok | wau Pangran Buminata | gêblas dhatêng Pacitan | maring Sumbêr Nglorog Panggul | anjog tanah Panaraga ||

29. nglampahkên duta tur uning | Sri Bupati Surakarta | sagah arsa nyirnakake | kang raka ing Sukawatya | mung minta bantu bala | nanging datan pinaèlu | kathah wong agung kang ngina ||

30. Oprup Kumêndur Samawis | nora ana kang anggêga | maring pangeran ujare | sanggupe awani lawan | kang raka Sukawatya | dalah lare anggêguyu | asanggup nora sêmbada ||

31. anyumbari Mangkubumi | lan Suwandi bae kalah | punggawa Sukawatine |

--- 114 ---

iya dèn ijèn kewala | mendah loro têlua | dudu ranggane kang magut | lawan dudu Jayadirja ||

32. mantri bae akèh wani | angêbut ro miwah tiga | Sukawati pra mantrine | akèh ngajak tinandhingna | lan Pangran Buminata | Ki Dêmang Sokajêngkilung | lan Dêmang Gonggang Galungan ||

33. Lawan Dêmang Gondhangrawi | lawan Dêmang Pulungdara | Dêmang Bulu Kumêndhunge | kang sampun kalair ngajap | eman ngadu punggawa | dêmang wau samya muwus | wani gosok godhinira ||

34. Pangeran Mangkunagari | yèn aja iku ajriha | marang ing marasêpuhe | ngutus bupati kewala | Tumênggung Wiranata | Kudanawarsa Tumênggung | miwah Suramangunjaya ||

35. padha sanggup anguwisi | nyêkêl Pangran Buminata | ingkang tinaha batine | Jêng Gusti ing Sukawatya | katon yèn dèrèng rila | marang kadang kang jêjuluk | Sultan Dhandhun ing Sêmbuyan ||

36. milane sami ngawaki | ngalingi nisthane kadang | tan wurung gêpok slirane | ya ngêndi ana pangeran | sutèng Raja Mataram | bêkêl desa wani mungsuh | saking soring kang darajat ||

37. Kangjêng Gusti Sukawati | abdine kathah miyarsa | ngandika dahat ngungune | mring kang rayi Buminata | wigare kang pratingkah | lawan wudharing [wu...]

--- 115 ---

[...dharing] pamuwus | miwah wor suhing kang karsa ||

38. pangeran angrês ing galih | lamun midhangêt pawarta | dènnya kadaut lupute | têmah nandhang duka cipta | papa kalunta-lunta | sabarang karsane kuwur | kawur kaworan urakan ||

39. tan nêtês titi patitis | nora putus ing ayuda | nora nana lêlabête | yèn satriya gung Mataram | was tiwas nora kentas | dene katutuh kapatuh | nora bakuh ing wicara ||

40. basa têrahing Matawis | kudu bakuh ing wicara | pêngkuh nora amalèsèd | yèn mindhonana wacana | kono kene kalongan | ilang darajate putung | apranga nora lêksana ||

41. nêdya angolaha pikir | pothar-pathir kuthetheran | ngêthêthêr pikire kèthèr | wong wus ilang kang darajat | anggayuh gayuh tuna | angrêrangsang-rangsang luput | têmah papa tanpa karya ||

42. Kangjêng Gusti Sukawati | praptèng Sêmbuyan miyarsa | kang rayi nêbih nilape | ngungsi bumi Panaraga | agung dènnya utusan | maring nagri minta bantu | sagah mungsuh mring kang raka ||

43. nanging kangjêng sri bupati | tan pisan karsa miyarsa | ingkang rayi pamintane | mring oprup kêrêp utusan | uga datan anggêga | pangran minta mring kumêndur | kumêndur nulya tur surat ||

--- 116 ---

44. maring jêng sri narapati | lamun Pangran Buminata | aminta bantu karsane | sagah prang mêngsah kang raka | tan pantês ginaliha | dene lamun nyuwun pêthuk | mung arsa kondur kewala ||

45. paran gèn botên nuruti | mangkana kumdur aturnya | miwah Oprup Totlomondo | uga sinungan parentah | kadya ing aturira | ingkang konjuk sang aprabu | mangkana ingkang winarna ||

46. ratu kadipatèn maksih | ingkang ibu jêng pangeran | tan kêndhat ing pamintane | maring kangjêng sri narendra | kondure ingkang putra | dadya sang nata anurut | dhawuhakên pangandika ||

47. maring oprup kinèn aglis | mêthuk Pangran Buminata | nanging Oprup Totlomondo | anuwun inah sawulan | sêdhêng têlas kang jawah | mung wontêna mêndhanipun | mamrih ecane nèng marga ||

48. kunêng malih kang winarni | kang samya anèng Sêmbuyan | ingkang pinrih wus sirna doh | wong Sêmbuyan têluk samya | Pangeran Sukawatya | sigra dènira dhêdhawuh | pan arsa kondur mangetan ||

49. Pangeran Mangkunagari | kondur dhatêng ing Gumantar | Suryanagara mangilèn | wangsul dhatêng ing Mataram | Pangran Mangkudiningrat | wangsul ing panggènanipun | pacak baris Pamutihan ||

50. Pamot [Pa...]

--- 117 ---

[...mot] kinèn minggah wukir | anata prajuritira | nèng Wukirkidul samangke | timbalane ingkang rama | Pangeran Sukawatya | nampèni ing ampasipun | Sultan Dhandhun Martèngsêkar ||

51. kangjêng gusti andhawuhi | mring Pangran Mangkunagara | bawahe adhimu ngare | sira ingkang mêngkanana | mung êdumana bandar | pasar loro bae cukup | karya busananing bala ||

52. Pangeran Mangkunagari | amung sumarah sakarsa | jêng gusti ngandika manèh | mring putra Pamot Pangeran | Pamot sira jaluka | bandar marang kakangamu | loro bae lilaningwang ||

53. lan kulup Mangkunagari | mungguh ing pamikirira | sapa baya prayogane | kang dadi lurah santana | pangeran aturira | sumôngga karsa pukulun | dhawuh andikaning rama ||

54. ya kulup pandulu mami | Adhimu Mangkudiningrat | akas dhangan barang gawe | lah iya besuk agampang | dadya sami miyarsa | kalurahan santanèku | badhe Pangran Mangkuningrat ||

55. gya budhal sarêng kang baris | cinatur ing Surakarta | wus dadya wau rêmbuge | mêthuk Pangran Buminata | oprup ingkang dinuta | lan Ônggawôngsa Tumênggung | Dyan Tumênggung Cakrajaya ||

56. dadya bupati kêkalih | sèwu miwah numbak anyar | sakaliwon [sa...]

--- 118 ---

[...kaliwon] myang mantrine | bêdhol kang kalih bupatya | dene Kumpêni Islam | tigang kaptin naminipun | Tolong Dul Jalil Salijah ||

57. anyatus kapitan siji | tigang atus Kumpêni Slam | dene OprunOprup. Totlomondo | bêkta satus drahgundêrnya | ingkang dharat sawidak | gunggungipun kalih èwu | dêdamêl sabrang lan Jawa ||

58. angkatira pukul katri | saking nagri Surakarta | byar prapta lèr Kêdhunggudèl | gègèr desa kang kamargan | dene tan ana warta | lampahe Kumpêni laju | anèng Ngutêr kèndêlira ||

59. bupati kalih rumiyin | lan panèwu mantrinira | atut wuri utusane | Jêng Pangeran Buminata | gène wontên Wiraka | sapraptane dutanipun | kang saking ing Surakarta ||

60. matur yèn kang mêthuk prapti | utusan dalêm sri nata | Tuwan Oprup Totlomondo | drahgundêr satus binêkta | ingkang dharat sawidak | Kumpêni Slam tigang atus | kêkalih bupatinira ||

61. kalih èwu gunging baris | ingkang amêthuk paduka | gangsal atus turanggane | sèwu gangsal atus dharat | pangeran duk miyarsa | langkung asrêp galihipun | saking Wiraka wus budhal ||

62. sawadya sagarwa siwi | kadi wontên kalih bêlah | ingkang sèkêt wong lanange | satus wanudya

--- 119 ---

sadaya | dalu saking Wiraka | bêdhug tiga praptanipun | baris ing Ngutêr punika ||

63. lawan oprup wus kapanggih | aras-ingaras kang jôngga | sarêng byar tata barise | kunêng bupatine mêngsah | Tumênggung Wiranata | myarsa yèn Kumpêni mêthuk | ing Pangeran Buminata ||

64. nèng Ngutêr kèndêling baris | pangeran wus pinondhongan | Tumênggung Wiranata ge | budhal saprajuritira | sami adhean nyongklang | wontên kuda tigang atus | ingkang rumiyin kewala ||

65. prapta ing Ngutêr nulya glis | kuda tigang atus mangsah | angêpung oprup barise | ing wuri kathah kang prapta | Tumênggung Kartadirja | sagung pra mantri pangayun | prapta saprajuritira ||

66. ing Ngutêr kinêpung kikis | turôngga jinajar wayang | misih jiro gêgamane | akèh kang kinêpung ika | nanging gili kang prapta | sawêg angaturi wêruh | ing Pangran Mangkunagara ||

67. wontên ing Kêdhungwaringin | lagya ngalih pasanggrahan | saking Gumantar ing mangke | langkung prayogining papan | jurang ngubêngi toya | pakuwon tinata patut | kinêbon kinêmbang-kêmbang ||

68. mantri sakawan duk prapti | matur yèn Kumpêni prapta | tindhih Oprup Totlomondo | amêthuk rama paduka |

--- 120 ---

Pangeran Buminata | ing mangke sampun angumpul | kang abdi nuwun parentah ||

69. kagyat pangeran miyarsi | hèh duta warahên enggal | Wiranata sakancane | yèn kuwagang dèn gêpuka | yèn ora dèn kodhola | dene ingsun nuli nusul | sigra abêndhe undurnya ||

53. Durma

1. duta mêsat saking Kêdhung sêsandêran | prapta ing Ngutêr aglis | dhawuhkên parentah | ngangsêk kang pra bupatya | Kumpêni mriyêm kêkalih | nulya pinasang | kidul kang lèr marpêki ||

2. dèn mariyêm kang lèr kang wetan mangrêmpak | bingung bala Kumpêni | nulya budhalira | saking Ngutêr tinata | drahgundêr kang munggèng ngarsi | mriyêm wurinya | Kumpêni kang lumaris ||

3. pra kapitan Islam ingkang binacingah | kalawan pra bupati | abintang-binintang | carub ingkang gêgaman | saking Ngutêr sampun têbih | kinodhol mêngsah | kininthil dèn bêdhili ||

4. sarwi kukuk saking lèr miwah ing wetan | saking kidul nyuraki | pistul kadya udan | Pangran Mangkunagara | saking lèr sawadyanèki | nandêr anyongklang | gumrubyug anututi ||

5. mantri jêro kewala lan pêrang tandang | lawan saragni abrit | amêgati ngarsa | lajêng acampuh yuda | kinalang

--- 121 ---

rèrèsing jurit | kèndêl sakala | arsa nadhahi jurit ||

6. Totlomondo miwah wadya Jawa Wlônda | pangeran marêpêki | ingêdrèl sapisan | Pangran Mangkunagara | mantrine satunggal kanin | Jayaprameya | wêntise kenging bêdhil ||

7. sigra dhawuh Pangeran Mangkunagara | maring kang para abdi | kinèn dharatana | mantri jro mangsah dharat | asru dènira angungkih | acaruk papan | katri Walônda mati ||

8. bangkenipun ingêrut lawan turôngga | kèndêl sagung prajurit | Totlomondo mojar | he Bapak Ônggawôngsa | kadi ta paraning kapti | sajroning aprang | tan katon ngati-ati ||

9. kawistara bapak gumluwèh kewala | Ônggawôngsa nauri | tuwan ing jroning tyas | sakala mau maras | dupi caruk drèl Kumpêni | ilange maras | mungguh bobote kèksi ||

10. tuwan sira wus nglakoni lawan ingwang | aprang lan Mangkubumi | môngsa mangkonoa | pratingkahing ayuda | Jêng Pangeran Mangkubumi | ngêdrèl sapisan | banjur acaruk kêris ||

11. mèsêm asli pêrang iki kaya ngapa | bapak karsanirèki | alon saurira | Tumênggung Ônggawôngsa | dèn tambuh eca lumaris | ora ngapaa |

--- 122 ---

kadi prang lare alit ||

12. Totlomondo wus ayêm gêlar santosa | eca dènnya lumaris | gumrudug kang mêngsah | nanging sênggrang kewala | anggêgila gêgirisi | yèn tinawêkal | riwut tan angênani ||

13. nanging datan antuk mangan antuk nendra | sipêng Tanjung sawêngi | kumrutug bêbalang | bêdhil lèr kidul wetan | pangran undhang amêmaling | gumriwis prapta | wus dèn udani maling ||

14. aparentah pangran mring para bupatya | rêriwukên sawêngi | sagung pra bupatya | ngêpung saking kadohan | Kumpêni tan antuk bukti | mung sangunira | roti saking nagari ||

15. enjing budhal mêngsah gumriwis tut wuntat | turôngga kêna mimis | kang nunggang tan kêna | nanging lajêng aniba | Pangeran Mangkunagari | kèndêl mung bala | punggawa kang ngênginthil ||

16. kèndêlira Tumênggung Kudanawarsa | kang sangêt angaturi | ing karsa paduka | inggih asil punapa | wong wus kesah dèn tututi | rama paduka | Jêng Gusti Sukawati ||

17. dhawuhipun kinèn gusah ingkang paman | Sultan Amartèngsari | mangke tan ginusah | inggih kesah piyambak | têka dadak dèn regoni | paran ing karsa | pangran kèndêl nuruti ||

18. prapta êlèr Tangkisan wau lampahnya | wadyabala Kumpêni | bêbantu kang mapag | prapta ing Paserenan |

--- 123 ---

Pringgalaya Adipati | bêkta sawidak | Kumpêni kang lumaris ||

19. lan Pangeran Arya Mataram kanthinya | mêthuk sakidul Baki | wus sami katingal | mêngsah pangodholira | kang mêthuk katingal sami | wangsul kang mêngsah | sami nabrang ing Picis ||

20. kèndêl Baki Adipati Pringgalaya | oprup jawab astèki | pangran sêsalaman | kalawan Pringgalaya | Pangeran Arya Matawis | ngabêkti marang | kang raka dèn tangisi ||

21. sarêng budhal sapraptanira nagara | lajêng tumamèng puri | oprup jawab asta | Pangeran Buminata | ngabêkti raka narpati | sarwi karuna | sawusnya tata linggih ||

22. kinèn mêdal aso pinaring panggonan | sakidul wetan Gadhing | nguni wismanira | Rahadèn Wirayuda | wonge sèkêt kusi-kusi | apan tan ana | wonge pêndhokan siji ||

23. langkung nistha sagah lamun anyirnakna | mungsuh sadaya sami | kêkere ngêlômpra | wonge tan ana pakra | sri bupati andhawuhi | oprup supadya | sung uning mring Samawis ||

24. Pangran Buminata wus praptèng nagara | kunêng gantya winarni | Pangran Pamot ingkang | anèng wukir Katongan | ribêng tyas tigang prakawis | kang saprakara | kang rama andhawuhi ||

--- 124 ---

25. Pangran Sukawati wus maringi bawah | lan bandar dèn paringi | nanging ingkang raka | Pangran Mangkunagara | bandare tan dèn paringi | arsa ngatasa | yèn anuwuna ajrih ||

26. kapindhone kang dadya prihatin dahat | dene miyarsa warti | lurahe sêntana | badhene arinira | Mangkudiningrat yèn yêkti | kalangkung merang | anglurah mring kang rayi ||

27. ping tigane kang dadya prihatining tyas | dènira tan sêsiwi | agung binabana | putra lawan kang garwa | dadya nêmah amrih pati | nguntal warangan | agênge sakêmiri ||

28. lawan duduhing jêruk pêcêl lêlima | sapanginang watawis | dhawah buntayangan | ngolang-aling kalintang | wuru tansah nuntak gêtih | saking talingan | grana netra rah mijil ||

29. gulimpangan badhêdhêg padharanira | tan pêgat ngolang-aling | dahat amlasarsa | ing kalih dalu seda | anèng ing Katongan wukir | para mantrinya | samya atur udani ||

30. mring kang raka Pangeran Mangkunagara | miwah dhatêng kang rayi | kang baris Mutihan | Pangran Mangkudiningrat | ingkang prapta andhingini | praptèng Katongan | ngungun waspa drês mijil ||

31. ingkang dhatêng Kêdhungwaringin wus prapta | kagyat kang raka aglis | akintun pêthakan |

--- 125 ---

kunarpa binêcikan | pinurugakên Matawis | gènira mêtak | ing Panitikan nênggih ||

32. pan cinatur Sakèbêr lan Sindurêja | kang anèng Trayêm baris | samya mrih upaya | angimplêng kadya setan | wontên mantri ing Matawis | asakit manah | pinulut dèn kintuni ||

33. Ki Ngabèi Surajênggala ingêbang | yèn ngêngakna kang kori | awèha dêdalan | ing saprayoganira | lan Kumpêni arsa gitik | dalu kewala | kang nèng Lengkong abaris ||

34. lamun silih Ngabèi Surajênggala | tulus tyas mring Kumpêni | tinulung ing benjang | mring oprup lan Sindurja | katur ing jêng sang siniwi | pininta dadya | Bupati ing Matawis ||

35. sarwi kathah Kumpêni kêkintunira | Surajênggala melik | wus sagah samôngsa | mawi sêmayan dina | sarta sampun dèn kintuni | warôngka ladrang | lawan bandera siji ||

36. kang landheyan sadhêpa sabêlah jaja | dhasare abang langking | wus dadi kang rêmbag | mayor lan mantrimuka | mupakat para bupati | eca kang manah | wadyabala Kumpêni ||

37. wus amêndhêm dutane Surajênggala | sanake kang tinuding | anamar suwita | Dipati Sindurêja | dina Salasa kang jangji | panglaragira | sagunge ingkang baris ||

38. kintun cacah Ngabèi Surajênggala |

--- 126 ---

gêgaman kang abaris | ing Lengkong punika | kalih èwu sadaya | bêbêcike wong Matawis | inggih wus pêpak | anèng ing Lengkong sami ||

39. sok pêcaha ing Lengkong kang nèng Mataram | amung wong Sukawati | yêkti nulya dhadhal | supe Surajênggala | yèn prange wong Sukawati | ngungkuli lawan | Makasar Bali Bugis ||

40. duk punika Sakèbêr ing rêmbagira | baris Trayêm ing mangkin | kathah kang binêkta | lan kang tinilar têngga | ing pondhokan mung watawis | Mayor Por rêmbag | Sindurja Adipati ||

41. abipraya lan sagung para bupatya | kang tinilar mung kalih | wêwolu binêkta | ingkang para bupatya | Kumpêni satus kang kari | ingkang binêkta | kawan atus Walandi ||

42. kawan atus malih Kumpênine Islam | mangkana praptèng jangji | ing malêm Salasa | Kumpêni wus sanega | miwah sagung pra bupati | sigra budhalan | ing wanci pukul kalih ||

43. wontên kawan èwu gunging kang gêgaman | ing Jamus sampun prapti | pangarsaning lampah | sira duk amiyarsa | Surajênggala Ngabèi | lajêng adandan | sabature pribadi ||

44. prajurite kawan dasa kêkapalan | dharat satus tan luwih | laju bêbudhalan | kagyat baris kang myarsa | dene sira Ki Ngabèi |

--- 127 ---

Surajênggala | siyaga bêngi-bêngi ||

45. tinakenan arsa tilik wismanira | Sujanapura ugi | suwêng tilik wisma | lampahe wus antara | wau prajurit Kumpêni | apêpanggihan | lawan kyai ngabèi ||

46. wus dèn irid gègèr pondhok Janapuran | wus samya dèn ajangi | pondhok Jawinatan | lan pondhok Janagaran | ing JaganagaranJayanagaran. malih | sarêng narajang | Kumpêni angêdrèli ||

47. kuwur kawur gugup prajurit Mataram | kang wus samya kakambil | nadhahi ngayuda | rame miwah kang dharat | Jayanagara ngawaki | rame sakêdhap | kumrutug drèl Kumpêni ||

48. pan sinêrot Tumênggung Jayanagara | kinarutug ing bêdhil | sinungsunan tiktak | dhadhal karoban mêngsah | wong Sujanapuran ngisis | Jayawinata | kang tinêmpuh dèn bruki ||

49. kuthetheran tiba saking ing turôngga | Tumênggung Rajaniti | anulya anyandhak | mèh rinampok ing kathah | Mayor Sakèbêr marani | lah iku sapa | Rajaniti nauri ||

50. iya iku anake kang Jawinata | wus ingangkat bupati | nunggaksêmi nama | Tumênggung Jawinata | lamun sipating bupati | pan ora kêna | pinrih rusaking pati ||

51. yèn ajaa mau kadênangan ingwang |

--- 128 ---

rinampok angêmasi | wau Jawinata | jinaluk mring Wôlanda | kinintunkên mring Samawis | kinanthèn layang | yèn bandhangan bupati ||

52. supayane kêna dadi ular-ular | milane dèn bêciki | Dyan Jayawinata | anèng nagri Samarang | kunêng wau kang ajurit | ingkang kasor prang | ngungsi Mataram sami ||

53. baris agêng Kumpêni Lengkong ngêbrêgan | rêmbage pra bupati | gêcak ing Mataram | kèndêl Lengkong sakêdhap | lajêng ing dalu lumaris | kang nèng Mataram | gunêm sagung bupati ||

54. Adipati Janingrat Suryanagara | samya agunêm pikir | sakecaning lampah | Jayaningrat lingira | inggih anak Adipati | Suryanagara | kadospundi ing mangkin ||

55. anauri Dipati Suryanagara | yèn dhatêng mangke ratri | inggih ingajangan | saking lêbêt kewala | lamun dhatêng benjing enjing | botên kasêsa | punika wontên pikir ||

56. yèn ing dalu prayogi dheprok kewala | botên mingsêt sanyari | pama mêdalana | prajurit sami gêmpal | kasor ing prang Lengkong sami | lamun têtêga | inggih sawêngi mangkin ||

57. kadya pulih pêrangipun benjang enjang | yèn oncata sakêdhik | ing wêngi punika | sapanginggile lêbar | yèn kukuh sawêngi mangkin | inggih [ing...]

--- 129 ---

[...gih] sa-Allah | kula angudanèni ||

58. samya rêmbag sagung prajurit Mataram | anut Suryanagari | mriyêm kalantaka | ing panggung wus pinrênah | mriyêm ing Juwana nguni | ingkang binêkta | marang ing Sukawati ||

59. mangke sampun sami wontên ing Mataram | tinata sampun rakit | wong Bugis sadaya | kinèn ngêstabêlana | kang samya têtêg ing jurit | wusnya samêkta | binage kang prajurit ||

60. ingkang kidul kang lor miwah ingkang wetan | pinilihan kang bêcik | mriyêm kalataka | pinangku nèng palatar | angêcêk wong Sukawati | amanggih papan | wong anom angukuhi ||