Sastra Jawa

Program Digitalisasi Sastra Daerah

  • Increase font size
  • Default font size
  • Decrease font size

Babad Giyanti, Budi Utama, 1916-18, #982 (Jilid 3/2)

Katalog:Babad Giyanti, Budi Utama, 1916-18, #982
Sambung:
1.Babad Giyanti, Budi Utama, 1916-18, #982 (Jilid 1/1). Kisah, Cerita dan Kronikal | Babad Giyanti #1082.
2.Babad Giyanti, Budi Utama, 1916-18, #982 (Jilid 1/2). Kisah, Cerita dan Kronikal | Babad Giyanti #1083.
3.Babad Giyanti, Budi Utama, 1916-18, #982 (Jilid 2/1) . Kisah, Cerita dan Kronikal | Babad Giyanti #1084.
4.Babad Giyanti, Budi Utama, 1916-18, #982 (Jilid 2/2) . Kisah, Cerita dan Kronikal | Babad Giyanti #1085.
5.Babad Giyanti, Budi Utama, 1916-18, #982 (Jilid 3/1) . Kisah, Cerita dan Kronikal | Babad Giyanti #1086.
6.Babad Giyanti, Budi Utama, 1916-18, #982 (Jilid 3/2) . Kisah, Cerita dan Kronikal | Babad Giyanti #1087.
7.Babad Giyanti, Budi Utama, 1916-18, #982 (Jilid 4/1) . Kisah, Cerita dan Kronikal | Babad Giyanti #1088.
8.Babad Giyanti, Budi Utama, 1916-18, #982 (Jilid 4/2). Kisah, Cerita dan Kronikal | Babad Giyanti #1089.

54. Sinom

1. kunêng sajroning Mataram | kang rakit angantêp jurit | mêngsah Kumpêni wus prapta | nênggih wanci sirêp janmi | kilèn lèr dèn ênggoni | Sakèbêr lèr ênggènipun | sarêng surak nyanjata | dangu mungsuh tan malêsi | samya dhêdhêp sawusnya malês nyanjata ||

2. sarêng unining gamêlan | Kodhokngorèk Carabali | lawan surak giyak-giyak | Suryanagara Dipati | minggah panggung pribadi | lèr kilèn bala gumuruh | Dipati Jayaningrat | lèr wetan kang dèn inggahi | sinumêdan mriyême obat Walônda ||

3. dangu dènnya bêbêdhilan | mariyêm mawanti-wanti | sinungsun ing kalôntaka | ngungun Kumpêni miyarsi |

--- 130 ---

gumuruh nyênyumbari | wong Bugis samya bêkilung | baris Kumpêni ingkang | minariyêm saking nginggil | sarèhane kêni lan kudane sêmpal ||

4. sampun dangu wataranya | sagunge bala Kumpêni | angrangsang biting Mataram | prasamya bêdhil-binêdhil | malah wus bangun enjing | munya ingkang bêdhug têlu | bubar bala Walônda | mantuk ing Tarayêm malih | byar raiina baris Mataram kinirab ||

5. anututi sampun têbah | ing Lengkong kandhêging baris | kèndêl anèng ing Kasuran | wau duta kang tinuding | Jayaningrat Dipati | Mataram kala kinêpung | mêdal rung-urung toya | prapta ing Kêdhungwaringin | tur uninga yèn mêngsah Kumpêni prapta ||

6. gitik ing Lengkong wus bêdhah | pun Surajênggala balik | Tumênggung Jayawinata | gènira amapag jurit | kacandhak ing Kumpêni | tiba saking kudanipun | nanging kacandhak gêsang | binêkta dhatêng Samawis | mêngsah laju angêpang kitha Mataram ||

7. Pangeran Mangkunagara | gugup dènira miyarsi | angutus Jayaprabôngsa | mantri jro mring Sukawati | lampah kalih prakawis | Pangran Pamot sedanipun | lawan mêngsah anggêcak | Mataram kinêpung kikis | wau Pangran Dipati Mangkunagara ||

8. angkate sarêng utusan |

--- 131 ---

kang dhatêng ing Sukawati | kêrig saprajuritira | ginêlak lampahing margi | wus prapta ing Matawis | pangeran sawadyanipun | Pangeran Adipatya | Anom Amangkunagari | sigra mêthuk angujung maring kang raka ||

9. myang Dipati Jayaningrat | pra sami suka ing galih | praptanira jêng pangeran | katur solahing ngajurit | pangeran ngandika ris | hèh Janapura sirèku | iya sira sun dhêndha | dene sira dadak mulih | mêngko sira baris Lengkong balènana ||

10. nora sun kanthèni sira | bala saka ing Matawis | mung para mantri kang samya | baris Pakasuran mangkin | kêrigên ja na kari | sira padha jakên maju | Tumênggung Janapura | sandika tur sêmbah amit | sigra budhal dalah saprajuritira ||

11. praptèng Lengkong baris pacak | wus mantuk kadya ing nguni | Pangeran Mangkunagara | lan Jayaningrat ngraosi | kang tiwas ing ajurit | Jayawinata Tumênggung | paman kadi kawula | kelangan kadang satunggil | puluh-puluh sami mupus karsaning Hyang ||

12. sawusnya antara dina | mantri pangarsa tur uning | yèn wontên dêdamêl prapta | kawarti dêdamêl ngiring | Pangeran Adipati | Sukawati ingkang rawuh | wahana kuda dhomas | kang ngirid pangarêp jurit | lêlancaran [lêlancara...]

--- 132 ---

[...n] Dyan Rôngga Wirasêtika ||

13. kagyat wau jêng pangeran | miwah sira Dyan Dipati | Jayaningrat asiaga | Pangeran Mangkunagari | budhal sawadyanèki | lêbêt kang binêkta mêthuk | wus panggih anèng marga | têdhak saking ing turanggi | Pangran Mangkunagara angèstu pada ||

14. anulya nitih turôngga | dinangu saurut margi | tan antara praptanira | wong Mataram samya baris | urung-urung ing margi | prapta drèl bêdhil abarung | mariyêm kalantaka | wus têdhak saking turanggi | kangjêng gusti lajêng manjing pasanggrahan ||

15. pinarak anèng pandhapa | Jayaningrat angabêkti | lan kang putra Jêng Pangeran | Dipati Anom Matawis | Pangeran Sukawati | alon pangandikanipun | Ki Besan wus mupusa | ajal karsaning Hyang Widhi | nora kêna ginawe padha manusa ||

16. Adipati Jayaningrat | anuwun waspanya mijil | jêng gusti alon ngandika | Ki Besan watara mami | anakmu Si Walidin | kaya nora têkèng lampus | malah sinungga-sungga | iku adating Kumpêni | pan kinarya ular-ularing prakara ||

17. mangkana wong ing Mataram | angrakit pakuwon sami | sêdyanipun Dyan Dipatya | Jayaningrat angaturi | lami anèng Matawis | Jêng gusti sinuhun-suhun | marma nata sanggrahan |

--- 133 ---

Pangeran Mangkunagari | anyêlaki pasanggrahan ing Banggala ||

18. nulya Pangran Singasêkar | kang wontên Sêmbuyan wukir | tundhuk angaturkên sêrat | sumuyud arsa ngabêkti | ing raka kangjêng gusti | surat sinungan wêwangsul | kalawan katimbalan | tigang dhomas tanah wukir | pinaringkên nanging wismanèng Mataram ||

19. kêrigan sagarwa putra | rêreyongan urut margi | gangsal atus kêkapalan | gangsal atus kang lumaris | praptane ing Matawis | Kudanawarsa kang mêthuk | wus panggih jaban kutha | ingirid laju umanjing | pakuwoning Dipati Mangkunagara ||

20. pinanggih anèng pandhapa | Pangeran Mangkunagari | angujung dhatêng kang paman | Pangran Arya Singasari | ingaturan tumuli | asowan ing kadang sêpuh | kerid marang kang putra | wus prapta lajêng ngabêkti | ingkang raka angungun sarwi karuna ||

21. kang rayi anênggak waspa | jêng gusti ngandika aris | wus yayi aja dinawa | pan wus titahing Hyang Widhi | balik ta sira yayi | pira prajuritirèku | kang rayi matur nêmbah | kirang kêdhik langkung kêdhik | inggih gangsal atus nanging dèrèng tata ||

22. Pangeran Mangkunagara | alon dènira nambungi | kadi langkung sapunika | rayi dalêming kang abdi | kula wau udani | kala paman rawuhipun | kados manggiha eca |

--- 134 ---

tiyang Wukirkidul mangkin | rayi dalêm sabab botên nama Sultan ||

23. kalamun namaa sultan | awrat sinanggi ing alit | kadi ta jênate paman | Sultan Dhandhun Martèngsari | wong cilik kêmpis-kêmpis | tigang dhomas madêg ratu | inggih botên kasôngga | têlung dhomas dèn ratoni | samya dêngkèng gigire tiyang Sêmbuyan ||

24. gumêr sagung pra bupatya | kang munggèng ngarsa sumiwi | wau pangandikanira | Kangjêng Gusti Sukawati | sira pondhokkên ngêndi | iya pamanira iku | Pangran Mangkunagara | umatur saha wotsari | ing Bênggala manggèn sawetan kawula ||

25. nulya sami abubaran | Pangran Arya Singasari | makuwon wetan Bênggala | wus samya apacak baris | eca tyase wong cilik | kunêng malih kang winuwus | Tumênggung Wiranata | samana atur udani | tampi sêrat saking nagri Surakarta ||

26. Sêrat katur ing Pangeran | Mangkunagara nupèksi | lajêng katur ingkang rama | kang sêrat langkung awingit | Pangran Dijaya mangkin | mring kang rayi minta pêthuk | amanggih kasusahan | Kangjêng Gusti Sukawati | aparentah wau marang ingkang putra ||

27. kinèn amêthuka nulya | nuduha punggawa siji | mring Pangran Adiwijaya | pangeran tur sêmbah mijil | wau ingkang tinuding |

--- 135 ---

Dyan Wiranata Tumênggung | nulya Dyan Wiranata | anuduh mantri kêkalih | pan ambêkta kuda tundhan kawan wêlas ||

28. lawan sikêp kawan dasa | miwah mantri kang jagani | dalu ing pukul sadasa | ingkang mêthuk samya prapti | lan pangran wus apanggih | langkung sukanirèng kalbu | dandan sagarwa putra | miwah kang abdi gêng alit | jalu èstri wus lolos saking nagara ||

29. Ki Tumênggung Wiranata | ing Waru dènira nganti | wus panggih lajêng lampahnya | asrêp tyase kang lumaris | byar rina kèndêlnèki | wontên dhusun ing Kalêpu | wuwusên ing nagara | wus katur marang sang aji | ing lolose Pangeran Adiwijaya ||

30. angungun sri naranata | Pringgalaya Adipati | marang oprup wus pratela | prasamya kinèn anitik | salasahe mring ngêndi | punapa ngumpul Matarum | manawi nêdya bawa | piyambak dhatêng ing pundi | sinalasah angidul maring Mataram ||

31. wau ta ingkang lêlampah | pangeran sagarwa siwi | lan Tumênggung Wiranata | wus prapta nagri Matawis | pinêthuk ing bupati | Jayanagara Tumênggung | sapraptane Mataram | Pangeran Mangkunagari | ingkang ngirid manjing marang pasanggrahan ||

32. duk sewaka pasanggrahan | Kangjêng Gusti Sukawati | kagyat kang abdi tur priksa |

--- 136 ---

lamun ingkang raka prapti | gupuh dènnya nêdhaki | nèng paregolan amêthuk | tundhuk lawan kang raka | kang rayi arsa ngabêkti | dyan cinandhak mring kang raka sêsalaman ||

33. anulya kêkanthèn asta | praptèng pandhapa alinggih | kathah karasèng jroning tyas | wau wong agung kêkalih | Pangran Mangkunagari | lan kang rayi sarêng maju | Pangran Mangkudiningrat | mring kang paman angabêkti | nulya Pangran Dipati Anom Mataram ||

34. wus dangu alêlênggahan | Jêng Pangeran Sukawati | ngandika marang kang putra | hèh kulup Mangkunagari | aturana tumuli | amakuwon pamanamu | nunggal kalawan sira | aturana kang prayogi | sarêng bubar lan sagung kang pra bupatya ||

35. prasamya ngatêr sadaya | mring Mangkunagaran sami | sawusnya tata alênggah | prapta Pangran Singasari | mring kang raka ngabêkti | rinangkul sarwi amuwus | bêgja panggih yayi mas | nora nyana awak mami | lamun milu lumêbu ing raka para ||

36. nêngna nagari Mataram | gantya Surakarta nagri | ingkang rayi malih kesah | Pangeran Rôngga ing wêngi | jujug ênggèning baris | Dyan Wiranata Tumênggung | Tumênggung Wiranata | ngatêr maring ing Matawis | enjingira Adipati Pringgalaya ||

37. tur uning jêng sri pamasa | lolosipun ingkang

--- 137 ---

rayi | ngungun kangjêng sri narendra | dhawuh mring anindya mantri | pratela maring loji | Pringgalaya sigra laju | panggih oprup wêwarta | Totlomondo angling aris | kadi paran puniki radèn dipatya ||

38. dene santana kèh mêdal | manawi tan dèn paringi | yatra pasisir punika | saurira dyan dipati | sayêkti dèn paringi | nanging inggih botên cukup | saking abdine kathah | bêkêle tan wontên prapti | dene sami kalingan mêngsah sadaya ||

39. oprup malih atêtanya | purugipun dhatêng pundi | punapa nusul kang raka | kang lolos enggal puniki | inggih dhatêng Matawis | sami tumut kadangipun | ingkang ambêg santosa | Pangran Arya Mangkubumi | sajatine padha kapengin prakosa ||

40. Adipati Pringgalaya | nauri puniku pasthi | mangke wontên Sidakarta | pangajêngipun kang baris | pangeran wus tinampi | linajêngkên mring Matarum | horêg wong sanagara | kesahe pangeran kalih | katigane Pangeran Arya Panular ||

41. ribêng tyas jêng sri narendra | kesahe tiga kang rayi | ngraos tiwase kêkadang | nora bisa anyampêti | kunêng malih winarni | ingkang wontên ing Matarum | Pangran Adiwijaya | sinungan bawah lêlinggih | patang èwu urut ing Gondhang [Go...]

--- 138 ---

[...ndhang] Têmbêlang ||

42. ing Sêmangkak urut Pokak | mangalèr kopat ing Ngupit | kang rayi parentahira | Kangjêng Gusti Sukawati | kang raka dèn aturi | karya pêpatih tumênggung | sutanira punggawa | lumarap kinarya patih | sinung nama Radyan Tumênggung Urawan ||

43. kinèn têngga bawahira | urut Manjung urut Gadhing | Radyan Tumênggung Urawan | ing Manjung apacak baris | kadhang pangran pribadi | asring nêdhaki ing Manjung | wus kathah abdinira | winatawis kang prajurit | kawan atus ingkang wahana turôngga ||

44. nêm atus balane dharat | kang têngga anèng nagari | abdinipun pitung dasa | mangkana wau winarni | Jêng Pangran Sukawati | lagya sinewa wadya gung | para putra santana | kadang kadeyan nèng ngarsi | gya praptane Dyan Tumênggung Wiranata ||

45. laju maring pasewakan | ngirid santana satunggil | kang nama Pangeran Rôngga | Mangkunagara nêdhaki | lajêng nulya dèn irid | praptane ing ngarsa gupuh | nungkêmi ngaras pada | mring Jêng Pangran Sukawati | nulya lajêng ing Pangran Adiwijaya ||

46. suyud kang para santana | ing Pangeran Sukawati | pasthi kukuh ing Mataram | karsanira kangjêng gusti | Pangran Rôngga ingêlih | sampun sinungan jêjuluk | Pangeran Purubaya | ing bawahe duk pinikir |

--- 139 ---

ing Pagêlèn badhene ingkang jinangkah ||

47. mangkana sami bubaran | pangeran kang lagya prapti | sinungan sangu kewala | kalih èwu Kilènpragi | papalihanirèki | Suryadisuma ing dangu | benjang pangran kalihnya | samya Pagêlèn pinanci | pan ing mangke sawontênipun panduman ||

48. wau Pangeran Purbaya | eca ing galih miranti | anata santana wadya | amilih wong Kilènpragi | pan kinarya prajurit | kang wahana kuda satus | kalih atus kang dharat | wus têtêp ingkang umiring | mantrinipun kang agêng sawêg sakawan ||

49. samya pinaringan arta | gangsal atus reyal ringgit | satunggilipun santana | dadya agêng ingkang galih | suka kasukan sami | ngabên kêmiri myang sawung | sabên ari tan pêgat | samya angulah prajurit | pan kasaru duta Kumêndur Samarang ||

50. nama Radèn Jayèngrana | dene ingkang dadya kanthi | Ngabèi Naladirana | prapta ing Mataram nagri | Pangeran Adipati | Mangkunagara jinujug | ingaturakên sigra | duta kang saking Samawis | Kangjêng Gusti Adipati Sukawatya ||

51. dèrèng karsa manggihana | ngêntosi Pugêr Dipati | ingkang lagya tinimbalan | antawis rong dina prapti | saking gènira baris | Wanakarta kilènipun |

--- 140 ---

sawusnya Sang Dipatya | Pugêr prapta ing Matawis | angundhangi santana wadya sumewa ||

52. anuju ing ari Soma | Kangjêng Gusti Adipati | Sukawati duk sineba | santana bupati mantri | andhèr aglar apipit | busanane adi luhung | caraka ing Samarang | tinimbalan sampun kerid | praptèng ngarsa anyaosakên nawala ||

53. alon dènira ngandika | Kangjêng Gusti Sukawati | hèh ta sira Jayèngrana | apa ta padha basuki | maksih katon wak mami | duk nèng Surakarta kumpul | mêngko anèng Samarang | lamun tan pakolih ati | marenea angumpul padha wong papa ||

54. matur Radèn Jayèngrana | srikutan waspa drês mijil | adhuh gusti kabatinan | paduka kang amba pundhi | mugi paduka gusti | antuk pitulung Hyang Agung | lulus angaubana | ing dasih ingkang kaswasih | mung paduka satriya di gambuhing prang ||

55. Gambuh

1. punang kintaka katur | wusnya binuka ing wuryanipun | sêrat ingkang winantu puja basuki | saking mitranta satuhu | Tuwan Baron Hogêndhorop ||

2. kang jumênêng kumêndur | anèng nagri Samarang pilungguh | pinasrahan dhêdhak mêrang amis bacin | ngasta bang-bang alum-alum | pasisir Jawa bang êlor ||

3. angrèh wadyabala gung | ing dharatan myang kang anèng laut | waranane Kangjêng Kumpêni [Kumpê...]

--- 141 ---

[...ni] Walandi | kang agung bôndha abandhu | luhur prakoswèng palugon ||

4. akatura wong agung | kang pinuja wong Jawa sawêgung | musthikaning raja putra ing Matawis | kang kaonang-onang kasub | prawira widigdèng kewoh ||

5. ingkang sinuhun-suhun | ing wadya gung asêsilih juluk | Jêng Pangeran Adipati Sukawati | senapatining prang pupuh | pramuka jayèngrat kaot ||

6. dhuh sumitra yèn tuhu | dharahira Kangjêng Sang Aprabu | Pakubana kang jumênêng ing Samawis | mitrane Kumpêni tuhu | Kumpêni tan nêdya awon ||

7. amung mrih arjanipun | anrus ing kalbu bêbalung sungsum | trah tumêrah tan nêdya gingsir sadêmi | yèn mitra tan sotah tuhu | saking pitulung kang yêktos ||

8. punapa arsa mêtu | saking dharah dalêm sang aprabu | lamun mêdal saking dharah ing Matawis | nadyan wuwuh sèkêt èwu | wadyabalane kang mungsoh ||

9. ana kang bisa mabur | wong Kumpêni datan nêdya mundur | nora susah kinêmbulan ing ajurit | yèn mitra tan arsa anut | ing pangeman kang sayêktos ||

10. ugêr dèn samya tangguh | sampun wontên mrih dursilèng laku | dene mitra putraning narendra luwih | anut lakuning wong gêcul | nganggo watak nora ilok ||

11. inggih yèn wus katrucut | môngsa [mông...]

--- 142 ---

[...sa] kêni asêsambat besuk | sampun titi tamat panukmaningpanuksmaning. tulis | duta dhinawuhan mundur | aso marang ing pakuwon ||

12. ing wuri sami rêmbug | para santana para tumênggung | Pangran Adiwijaya binobot dhingin | Purubaya kalihipun | sakanthine amiraos ||

13. Pangeran Singasantun | Pangran Mangkudiningrat angumpul | Pangran Mangkukusuma Pangran Suryadi | ingkang milu urun rêmbug | Mangkunagara tan amor ||

14. lan santana sadarum | nanging dadya pramugarinipun | anindhihi sagunging para bupati | Pangran Diwijaya wau | andhingini ing wiraos ||

15. hèh kabèh ariningsun | Ki Purubaya Ki Singasantun | ya Ki Mangkukusuma Kakang Suryadi | ing mêngko paran kang rêmbug | aja na simpên dèn êtok ||

16. apa ta kakangamu | bêcik nuli umadêga ratu | walêr sangkêr wong tuwa kang anadhahi | dimène wimbuh misuwur | aja tanggung kang linakon ||

17. gone ingaran mêtu | iya saking ing wilanganipun | sri narendra kang jumênêng ing Samawis | Kumpêni kang wiwit rusuh | karaton Jawa dèn êlong ||

18. pasisir pêthalipun | iku Kumpêni bangêt kaliru | iya têka raka para dèn êbruki | nêpsu dudu bênêripun | ing ujar pangolok-olok ||

--- 143 ---

19. padha ing kadangipun | ujar puniku arang kang wêruh | ingkang wêruh amung Paman Adipati | Natasuma kanthinipun | kalawan pêpatih loro ||

20. Sindurja kalihipun | Pringgalaya liyane tan wêruh | nadyan kadang jêr nora sinung udani | tibane niayanipun | kala dadining palugon ||

21. yèn manira mung iku | para santana gilig kang rêmbug | ingkang pinrih amung adêging narpati | dhawahing wilalatipun | kang para santana golong ||

22. alon dènira muwus | Jêng Pangeran Diwijaya wau | mring kang putra Pangeran Mangkunagari | paranta thole sirèku | wong tuwamu kabèh golong ||

23. pangeran nolih pungkur | Paman Pugêr paran ingkang rêmbug | miwah Paman Dipati Suryanagari | Jayaningrat malihipun | Suranata môngsa borong ||

24. miwah para tumênggung | sadaya padha uruna atur | Rama Adiwijaya karsane mangkin | mupakat sakadangipun | padha ngadêgakên katong ||

25. Dipati Pugêr matur | yèn sampun bênêr pikir puniku | jinurungkên ing akèh sayêkti bêcik | kêlandhungên mênèk gabug | utama kang cêkak aos ||

26. lah paran cacadipun | ing mangke mungguh madêga ratu | pra pangeran santana [sa...]

--- 144 ---

[...ntana] wus kumpul sami | sampun asugih tumênggung | tur tumênggung padha bobot ||

27. dipatine wus agung | sêmbada lawan sabalanipun | nora kadi Sultan Dhandhun Martèngsari | bature lagya rongatus | angêmping jumênêng katong ||

28. sagone dèn bêburu | ngandêlakên biyung Nyi Ra Kidul | nadyan silih Ibu Dèwi Kuraisin | yèn tingkahe nora pêcus | ing ayuda nora jegos ||

29. môngsa na gêlêm gugu | ratu wêdi prang tan duwe batur | suka gumyak gumujêng kang pra bupati | Mangkunagara gumuyu | ngakak sarwi matur alon ||

30. mring rama dhuh pukulun | paran sadaya punika sampun | anut rêmbaging raka paduka sami | tan wontên sulayèng kalbu | gêlêng gumulung agolong ||

31. paduka madêg ratu | santana putra para tumênggung | samya gilig ing rêmbag sampun mantêsi | jêng pangeran ngandika rum | sun bangêt sukur Hyang Manon ||

32. kakang mas karsanipun | miwah si adhi sadayanipun | sun tarima prasêtyane marang mami | nanging ta tyas ingsun kulup | sumarah karsèng Hyang Manon ||

33. ya pira bara besuk | yèn ing mêngko durung darbe kayun | lamun misih jênênge Jêng Sri Bupati | Surakarta kakang prabu | tan pisan cipta mangkono ||

34. balik ta layang [la...]

--- 145 ---

[...yang] iku | kaya priye angsul-angsul ingsun | pan sadaya aturipun kang tinari | sumôngga karsa pukulun | kangjêng gusti ngandika lon ||

35. iya pikirên kulup | Mangkunagara lan sakancamu | iya padha gawea rèng-rèng pribadi | sun pundhut êndi kang patut | sayêktine kang sun anggo ||

36. ana têngahanipun | ana kang dhadha miwah ing gulu | ana dadi rong kêcap tinampèn ugi | ana tigang kêcapipun | ana dhuwur ana ngisor ||

37. kang ngisor pisan iku | dadi wêkasan pangèngrèngipun | kangjêng gusti pangran dipati pribadi | gya Sindusastra Tumênggung | kinèn karya srat wus dados ||

38. wuryaning srat sul-angsul | pèngêt iki iya layang ingsun | Jêng Pangeran Adipati Sukawati | senapatining prang pupuh | pramuka jayèng palugon ||

39. kanthi tabe mawantu | maring Tuwan Hondhorêp Kumêndur | waranane sagung radpêni Walandi | kang angrèh wadyabala gung | anèng Samarang pilunggoh ||

40. wiyose twan kumêndur | luwih karêpe gonira muwus | angarani iya karêpmu pribadi | nanging sun tan nêdya mêtu | ing wêwilanganing tabon ||

41. trah Pakubana ingsun | tan karya cacad sariraningsun | lawan ora amrih cidra ing Kumpêni |

--- 146 ---

malah dèn cidraning ingsun | marang sira Hogêndhorop ||

42. kèh-akèh ujaringsun | pan sakèhe ya panggaweningsun | saka sira Hondhorêp kang mratikêli | sun dhingin darma lumaku | barang rèh saka Hondhorop ||

43. sun ora duwe catur | mapan kawakan sira kumêndur | titi tamat èsthining tyas kamot tulis | tinimbalan dutanipun | prapta pinaring pasangon ||

44. pinaring srat wêwangsul | caraka pamit saha wotsantun | Jayèngrana mêsat saking ing Matawis | lêlancaran lampahipun | ing marga tan winiraos ||

45. Samarang praptanipun | kang surat katur marang kumêndur | wus tinampèn juru basa anupèksi | saartine sêrat katur | marang Kumêndur Hondhorop ||

46. kêju tyas dhêlêg jêtung | kaku tyasira lajêng rawat luh | animbali Bupati Kêndhal piniji | Singawijaya Tumênggung | prapta ngarsane Hondhorop ||

47. alon dènira muwus | sun jaluk tumbak kyai tumênggung | wolu bae irêng godhi mas gêrandim | sopalên salaka iku | tumbak padha sapitabon ||

48. Tumênggung Kêndhal sampun | ngaturi tumbak marang kumêndur | pra Bupati Pasisir dipun pundhuti | jangkêp tumbak patang puluh | bingung tyasira Hondhorop ||

49. magange pitung puluh |

--- 147 ---

cinara Jawa panganggenipun | sabên ari ingulig pratingkah jurit | kumêndur kaku tyasipun | kadya ge apêrang popor ||

50. sadaya pra tumênggung | dhinawuhan samêkta sadarum | akaryaa prajurit ingkang sinêlir | nagri alit cacah satus | ingkang gêdhe têlung mono ||

51. kunêng malih winuwus | nagri Mataram ingkang mêmangun | ngêlar-êlar jajahan môncanagari | ing pasisir kang dèn ingkud | Dipati Pugêr kang kinon ||

52. Pangran Purbaya wau | nagri Pagêlèn kang kinèn mukul | Pangran Suryadikusuma kang kinanthi | Mangkusuma rowangipun | mêgatruh kang wadya bodhol ||

56. Mêgatruh

1. bupatine kêkalih saking Matarum | Janapura Janagari | prajurite wontên sèwu | pangran tiga kang prajurit | cacah kalih èwu uwong ||

2. sawusira samêkta pan samya kumpul | laju budhalan lumaris | amangilèn lampahipun | kilèn Bôgawônta prapti | baris gung gêlêng gumolong ||

3. sabên desa kang kamargan ing wadya gung | pangagêng miwah patinggi | kang kambah pan samya nungkul | ngaturakên pati urip | anut miturut sapakon ||

4. duk puniku wau pangeran têtêlu | akarya patih bupati | Purbaya pêpatihipun | Tirtanagara wêwangi | Mangkusuma winiraos ||

--- 148 ---

5. pêpatihe Mangkudirja Dyan Tumênggung | Pangran Suryadi winarni | pêpatihira Tumênggung | Manggalagita kêkasih | saya suyud sakèhing wong ||

6. sagung tanah Pagêlèn sampun kawêngku | pambagene pangran katri | Purbaya sapalihipun | Mangkukusuma Suryadi | sapalih binage loro ||

7. kang jagèni mêngsah Walônda ing Kêdhu | Dipati Suryanagari | Jayaningrat kalihipun | akanthi para bupati | sawadyabalane golong ||

8. cinarita nalikanira puniku | Kangjêng Gusti Sukawati | wuwuh-wuwuh balanipun | èwon lêksan malah luwih | nanging dèrèng madêg katong ||

9. mung rakite tata cara apan sampun | kadya caraning narpati | wong Surakarta kèh kèlu | wong angguran myang pra mantri | maring Mataram ambolos ||

10. apan samya tinampèn suwitanipun | wontên kang munggah bupati | winarna Kangjêng Sang Prabu | ing Surakarta nagari | dahat rêntêng tyas prihatos ||

11. de tinilar pra pangeran kadangipun | samya nusul mring Matawis | ing warta sampun misuwur | yèn kang rayi Sukawati | balane kèh kang kinaot ||

12. sampun lêksan tan kurang kapara langkung | para bupati pasisir | môncanagara kèh suyud | kadange para bupati |

--- 149 ---

anèng Mataram gumolong ||

13. ribênging tyas ruwêt rêntêng saya giyuh | dadya gêrah sri bupati | sawal êlèk ping sapuluh | tibane gêrah sri mulki | laju santêr kadya layon ||

14. supe dhatêng purwa duksina sang prabu | tajin dhahar lawan guling | tan bobotan kalih tèngsu | Pringgalaya Adipati | lawan oprup wus agolong ||

15. rèhne gêrah dalêm panggêng santêripun | Sindurêja Adipati | pinurih enggala mantuk | mring Surakarta nagari | sumewaa ing sang katong ||

16. Adipati Pringgalaya nulya ngutus | Pringgawicitra Ngabèi | kanthi sêrat atur wêruh | maring Kumêndur Samawis | yèn gêrah santêr sang katong ||

17. tan bobotan tan dhahar sare sang prabu | lamine wus kalih sasi | tampine warta kumêndur | dahat ribêng ing panggalih | dene arungan lan mungsoh ||

18. dhêlêg jêtung alon pangandikanipun | iku mungguh wong Kumpêni | tan bêbuwang rolas dalu | yêkti bosok wêtêngnèki | dadine atêmah layon ||

19. lah ta uwis Pringgawicitra sirèku | enggal muliha dhisiki | matura nuli sun nusul | sun lagi mundhut prajurit | ing Madura kang kinaot ||

20. ingsun dhewe arsa angawaki nglurug | marang nagari Matawis | Pringgawicitra [Pring...]

--- 150 ---

[...gawicitra] mit mantuk | nulya srat gurnadur prapti | sinuksma ingkang wiraos ||

21. tinimbalan enggal-enggal twan kumêndur | dhatêng nagari Batawi | wit ana prakara agung | kumêndur mangkat tumuli | mancal layar amangulon ||

22. sapraptane Batawi tuwan kumêndur | lan Mayor Tênangkus nguni | tinimbalan mring gêdhong gung | dukane yayah sinipi | gurnadur mring Hogêndhorop ||

23. hèh kumêndur dora têmên ing aturmu | ngaturakên sirah kalih | ngaranan mastakanipun | Pangeran Mangkunagari | lan Pangeran Arya Pamot ||

24. mêngko Pangran Amangkunagara iku | jêbule pan maksih urip | malah bêdhah ing Matarum | kumpul lawan Mangkubumi | lah kapriye Hogêndhorop ||

25. dene doracara têmên ing aturmu | têtela alaku silip | mêsthi sira ingsun undur | kudu mentar sing Samawis | aja sira kongsi katon ||

26. para êrad Kumpêni sarêng umatur | dhuh gurnadur dèn aririh | sampun ge anêrang bêndu | yêkti pinariksa dhingin | kang salêsih ing pandangon ||

27. lêrêm dukanira kangjêng twan gurnadur | para rad mariksa titi | ature tuwan kumêndur | nguni kawula tinuding | akanthi Tênangkus Mayor ||

28. kinon nglurug angadoni [angado...]

--- 151 ---

[...ni] aprang pupuh | pangeran kang madêg baris | duk puniku gya kapranggul | Pangeran Mangkunagari | nèng Papringan aprang popor ||

29. riwut ulêng sumêbar ingkang lumayu | ambalasah ingkang mati | suh sirna mêngsah sadarum | wontên bangke juga pêkik | sagunging wong Jawa alok ||

30. iku Pangran Mangkunagara kapupu | mastaka kawula ambil | Pamot pêrange kapupu | anèng ing Katongan wukir | amba nut gumyahing uwong ||

31. wit kawula dèrèng uning warninipun | Pamot lan Mangkunagari | sêsrawungan inggih durung | pae Pangran Mangkubumi | kêkancan suwitèng katong ||

32. aprasasat sabên arine kapêthuk | sayêktine boya pangling | de pangeran kalih wau | kula amung nut pawarti | wong Jawa kang sami alok ||

33. duk miyarsa ature tuwan kumêndur | dhêdhêp sirêp Rad Kumpêni | wusnya pikir adilipun | rêmpêk gumulung ing galih | Rad Kumpêni matur alon ||

34. mring gurnadur dhuh tuwan prakawis wau | dèrèng tamtu lamun sisip | Tuwan Hondhorêp Kumêndur | mangke arungan sayêkti | nuswa Jawi kang rêrusoh ||

35. Mangkubumi saya ngrêbda balanipun | kasêmbuh jêng sri bupati | asantêr ing gêrahipun | kadya punapa ing mangkin | lamun kesah Hogêndhorop ||

--- 152 ---

36. yêkti bingung wong Kumpêni mingak-minguk | prayoginipun ing mangkin | cinupêt prakawis wau | Hogêndhorêp dèn pasrahi | ruwêt rêntênging lêlakon ||

37. kangjêng tuwan gurnadur jendral gya dhawuh | lamun Kumêndur Samawis | ingapura dosanipun | ingangkat pangkat idêlir | winêwahan kang pangwaos ||

38. nuswa Jawi kasrah bang-bang alum-alum | sakèh rêruwêding bumi | samôngsa Kangjêng Sang Prabu | ing Surakarta nagari | kalajêng dadine layon ||

39. aywa kongsi malang tumolih dèn gupuh | jêng gusti pangran dipati | jinunjung jumênêng ratu | Tuwan Dêlèr gya pinaring | agêm-agêman kaprabon ||

40. gih punika agême tuwan gurnadur | tungkat têkês lawan roki | dèn anggoa besuk lamun | jumênênge Kangjêng Gusti | Pangeran Dipati Anom ||

41. tuwan idlir minôngka sariranipun | Gurnadur Jendral Batawi | sampating sadaya dhawuh | tuwan idlir amit mulih | numpak palwa angin golong ||

42. sapraptane Samarang bala wus kumpul | Madura uga wus prapti | cacahipun gangsal atus | gêgunungane kêkalih | Brajapati kang sagolong ||

43. Panjicarang Môndhalika kalihipun | para bupati pasisir | lawan wadyabalanipun | kang cêlak saking Samawis |

--- 153 ---

wus prapta anut sapakon ||

44. wadyabala Kumpêni Bugis lan Wangsul | sawusnya samêkta sami | idlir kintun sêrat sampun | mring Surakarta nagari | Rêbo praptane Hondhorop ||

45. twan idêlir budhalan sawadya kêbut | kunêng Surakarta nagri | sampun samapta kang mêthuk | jêng gusti pangran dipati | sangkêp pacarèng kaprabon ||

46. têdhakipun jêng gusti kanthi dyan ayu | Pringgalaya Adipati | ginrêbêg wadyabala gung | pêpanthan lampahing baris | agêgêlêngan gumolong ||

47. bupatine sakawan tindhihe laku | sarawuhira jêng gusti | nèng Kaleca myang dyan ayu | panggih têtabean sami | lan idêlir Hogêndhorop ||

48. sawusira lênggah sawatawisipun | anulya budhalan malih | tuwan êdlir lan dyan ayu | jêng gusti pangran dipati | dadya sarata nunggil gon ||

49. sapraptane loji wong agung katêlu | jêng gusti pangran dipati | ngaturan kondur rumuhun | twan idêlir sanès ari | arsa lumêbèng kadhaton ||

50. duk samana patih kalih kang atugur | sêsarêngan samya mijil | manggihi dêlir kang rawuh | wusnya tabe dêlèr angling | tanya gêrahe sang katong ||

51. amangsuli dèrèng wontên mêndhanipun | dêlir ngungune kapati | tanya malih wuwusipun | sudara radyan [radya...]

--- 154 ---

[...n] dipati | sintên kang sudara tudoh ||

52. anindhihi wontên pabarisanipun | Sindurêja Adipati | mangsuli Radyan Tumênggung | Kartanagara akanthi | Mangkupraja kalih golong ||

53. idlir manthuk nindyamantri kalihipun | kinon wangsul maring puri | tabe apamitan sampun | sang nindya mantri kêkalih | sarkara malbèng kadhaton ||

57. Dhandhanggula

1. praja Surakarta lan Matawis | duk puniku sarêng kang lampahan | kinarya ganti kandhane | kunêng ingkang winuwus | Kangjêng Gusti ing Sukawati | ingkang anèng Mataram | ing pamyarsanipun | santêr gêrahe kang raka | gya utusan nimbali kang samya baris | ngêlar-êlar jajahan ||

2. Adipati Pugêr Sukawati | sakancane bupati sadaya | miwah kang anèng Pagêlèn | pra pangeran tumênggung | myang ing Kêdhu Pajang Bupati | sapraptane Mataram | apan sampun kumpul | duk punika Jêng Pangeran | Adipati Sukawati anampèni | sowane pra utusan ||

3. têlikipun ingkang sami prapti | samya angsal pawarti waspada | lamun kang raka gêrahe | inggih kangjêng sang prabu | saya wêwah santêr ing mangkin | sarira langkung risak | tangèh lamun lulus | gunêm sagunging santana | pra bupati sadina-dina anggili | anèng Mangkunagaran ||

4. sami rêmbug amêksa [a...]

--- 155 ---

[...mêksa] ngaturi | mring kang rama jumênênga nata | wus gilig kabèh rêmbage | santana pra tumênggung | Pangran Mangkunagara ngirid | praptanirèng ngajêngan | sarêng aturipun | Pangeran Adiwijaya | Pangran Purubaya Pangran Singasari | Pangran Mangkukusuma ||

5. lawan sagung kang para bupati | kangjêng gusti pinaksa ing kathah | manthuk alon timbalane | pêpaka sesuk-esuk | iya padha matêngkên pikir | mêngko payo bubaran | sarêng awotsantun | kangjêng gusti rawuhira | anèng pura kang bibi dipun aturi | bibi wau kawula ||

6. dipun pêksa sami dèn aturi | madêg nata mring para santana | miwah pra bupati kabèh | nauri ingkang ibu | dhuh pangeran kadosa pundi | pakone para kadang | tuwin punggawa gung | lamun bandara nampika | nampik wahyu dadi durakèng Hyang Widhi | karya masguling kathah ||

7. raka paduka kang wontên ngriki | Kangjêng Pangeran Adiwijaya | gêntining bapa yêktine | sakarsane tinurut | pangran nabda makatên bibi | kang bibi wuwusira | gih-gih sampun-sampun | ila-ilaning wong kuna | anut maring kadang tuwa ambrêkati | awit gêntining bapa ||

8. Kangjêng Gusti Pangran Sukawati | dadya èmêng tansah rinarasa | sadalu muput tan sare | anèng panêpèn nêkung |

--- 156 ---

ngêningkên tyas angèsthi Widhi | anêgês karsaning Hyang | kang murwèng pandulu | wontên ambêk kang linakyan | sarengate narpati kataman ing sih | abiprayaning driya ||

9. wontên astha kapastha dèn èsthi | trustha muka kaèsthi ing ôngga | gumiri-giri gora rèh | gora-godha gumuruh | girayasên sihing dumadi | dadya dede dinalan | katula kalantur | punika kang pinrayitnan | bêbukane bêbeka ngalang-alangi | langêning karaharjan ||

10. ngraos wontên ingkang dipun èsthi | yèn kalakon jumênêng narendra | jangji marang pêpatihe | miwah punggawanipun | byar rahina pangeran mijil | pinarak ing pandhapa | animbali gupuh | Pangeran Mangkunagara | angirida pra santana myang bupati | tan dangu praptanira ||

11. aglar sagung pangeran bupati | angandika alon jêng pangeran | kulup rèhning wus karsane | sakèhing kadang ingsun | miwah ingkang para bupati | arsa junjung maring wang | jumênênga ratu | ingsun mung anut kewala | nanging padha dèn maklum myang angawruhi | barang rèh kaluputan ||

12. dene ratu asabèng wanadri | Pangran Mangkunagara sumôngga | santana pra bupatine | sami asaur manuk | Jêng Pangeran ing Sukawati | kulup padha rasakna | dina sêsuk-esuk | iya tanggal [tang...]

--- 157 ---

[...gal] ping sapisan | sasi Sura anuju ing taun Alip | iku gon jumênêngan ||

13. nanging nora nuju Sênèn Kêmis | tanggal sapisan dina Jumungah | payo rêmbugên ing mangke | santana wus sarêmbug | miwah sagung para bupati | matur yèn sêpuh tanggal | lawan dintênipun | marma santana bupatya | abipraya jumênêng Jumuwah ari | tanggal sapisan Sura ||

14. kangjêng gusti uga wus anggalih | badhe patih pangulu myang jaksa | sarêng sadintên adêge | jêng gusti nulya kondur | Pangran Mangkunagara mijil | lawan sagung santana | tuwin punggawa gung | lajêng dhatêng pondhokira | Pangran Mangkunagara sagung bupati | pra santana rêmbagan ||

15. pangran dhawuh kinèn animbali | para pradikan ing tanah Pajang | Kudanawarsa ge-age | umêsat dutanipun | kang nimbali pradikan sami | ing Wôngga lan Kajoran | ing Pacalanipun | Majasêm Konang Têmbayat | Kêmbangarum Pasucèn Astana Wêdhi | nadyan dalu praptaa ||

16. ingkang tanah Mataram pra sami | kinèn sowan enjange kewala | wus samya matêng rêmbuge | ing dalu tan winuwus | enjing sagung kang pra dipati | seba bêkta barisnya | sagung pra tumênggung | miwah kang para pangeran | sabarise nèng alun-alun ngèbêki | pan kadya garêbêgan ||

--- 158 ---

17. wiyosira Pangran Sukawati | sampun kadya kanthaning narendra | kaprabon upacarane | wus samêkta sadarum | kang ampilan ing kanan kering | upacara karajan | kang praba ngênguwung | dene jroning panangkilan | pra pangeran bupati panèwu mantri | wus pêpak ambalabar ||

18. sapraptane ing wangun pangrawit | lênggah anèng ing dhamparan dênta | tuwan Sayid nèng keringe | yèku minôngka oprup | nama Sayid Ngabdulrahmane | sawusnya sawatara | wau lênggahipun | Pangeran Mangkunagara | kinêjèpan ngadêg lère Tuwan Sayid | sigra dènnya dhang-undhang ||

19. yèn kang rama jumênêng narpati | nama Susunan Pakubuwana | Senapati Ngalagane | iya Ngabdulrahmanu | Sayidina Panatagami | ingkang tuhu narendra | mandhirèng amêngku | tah-tlatah ing nuswa Jawa | saur manuk sagunge ingkang sumiwi | pradikan samya donga ||

20. Monggang Kodhokngorèk sarêng muni | gya binarung drèling wadyabala | sinauran mriyêm gêdhe | kadya giri gumuntur | gêtêr patêr anggêgêtêri | wusnya kèndêl sadaya | pakurmatan wau | sri narendra adhêdhawah | kang kinarya patih ngiras senapati | Pangran Mangkunagara ||

21. patih kuwasa amisesani |

--- 159 ---

bang-bang alum-alum nagri kasrah | kang kinarya pangulune | Ki Ngabdullah duk wau | pan mêrdikan Astana Wêdhi | gêng luhur asêmbada | sinungan jêjuluk | Ki Pangulu Dipaningrat | lawan malih Ranawijaya Ngabèi | ingkang kinarya jaksa ||

22. pan jinunjung apangkat bupati | nama Tumênggung Sasmitasastra | sawusira dhawuhake | patih lan pra tumênggung | pra pangeran kang anom sami | ngabêkti ing sang nata | ingkang botên namung | Pangeran Adiwijaya | sêsalaman lan kang rayi sri bupati | samana sinêngkalan ||

23. marganing swara ngorêgkên bumi |§ Tahun Jawi: 1675 = tahun Walandi: 1749 [Sengkalan: marganing swara ngorêgkên bumi (1675 A.J., 1749 A.D.)]. anèng tilas kadhaton Mataram | sri narendra jumênênge | laju kondur ngadhatun | kanthèn asta lan Tuwan Sayid | Sayid Ngabdulrahêman | dadya ipenipun | tinariman nak ing sanak | putri Kablitaran antuk Tuwan Sayid | sri manganti duk prapta ||

24. nolih dhawuhakên animbali | Pangran Dipati Mangkunagara | santana pra bupatine | gandhèk dhawuhkên sampun | pra pangeran patih bupati | kerid lumêbèng pura | lajêng sang aprabu | pinarak anèng pandhapa | andrawina lan sagung para bupati | miwah para pangeran ||

25. pra panèwu mantri kang nèng jawi | pinaringan saking [sa...]

--- 160 ---

[...king] jro jodhangan | asêlur dangu pêdhote | kang dhatêng masjid agung | pira-pira jodhanganèki | kèndêle pra pradikan | nèng surambinipun | pra sami angêpung ajat | kongsi surup wau bubare kang baris | wêdale pra bupatya ||

26. ênêngêna kang wus madêg aji | kawuwusa malih Surakarta | praptane tuwan idêlèr | ing siyang lawan dalu | Pangran Buminata manggihi | kathah wêwadulira | agagah sumaguh | nyirnakakên ingkang raka | Jêng Pangeran Adipati Sukawati | lawan sagunging mêngsah ||

27. saking dahat dènira minta sih | pinracaya tur antuk pangêbang | mring wau tuwan idêlèr | wuwusên ing kadhatun | ingkang tugur ing sri manganti | patih lawan bupatya | kang nèng pandhapa gung | pra pangeran kadang nata | ingkang têngga gêrah dalêm sang sri mulki | pra garwa para putra ||

28. Kangjêng Ratu Madurêtna kanthi | Radèn Ayu Pati Pringgalaya | Suranata wong lanange | idlir sasampunipun | tigang ari praptanirèki | ri Dite wanci enjang | malêbèng kadhatun | patih kalih ngatêr lampah | tinampènan jêng gusti pangran dipati | lênggah ing prabayasa ||

Punika lajêng nyandhak buku jilidan ôngka IV.