Sastra Jawa

Program Digitalisasi Sastra Daerah

  • Increase font size
  • Default font size
  • Decrease font size

Babad Giyanti, Budi Utama, 1916-18, #982 (Jilid 4/1)

Katalog:Babad Giyanti, Budi Utama, 1916-18, #982
Sambung:
1.Babad Giyanti, Budi Utama, 1916-18, #982 (Jilid 1/1). Kisah, Cerita dan Kronikal | Babad Giyanti #1082.
2.Babad Giyanti, Budi Utama, 1916-18, #982 (Jilid 1/2). Kisah, Cerita dan Kronikal | Babad Giyanti #1083.
3.Babad Giyanti, Budi Utama, 1916-18, #982 (Jilid 2/1) . Kisah, Cerita dan Kronikal | Babad Giyanti #1084.
4.Babad Giyanti, Budi Utama, 1916-18, #982 (Jilid 2/2) . Kisah, Cerita dan Kronikal | Babad Giyanti #1085.
5.Babad Giyanti, Budi Utama, 1916-18, #982 (Jilid 3/1) . Kisah, Cerita dan Kronikal | Babad Giyanti #1086.
6.Babad Giyanti, Budi Utama, 1916-18, #982 (Jilid 3/2) . Kisah, Cerita dan Kronikal | Babad Giyanti #1087.
7.Babad Giyanti, Budi Utama, 1916-18, #982 (Jilid 4/1) . Kisah, Cerita dan Kronikal | Babad Giyanti #1088.
8.Babad Giyanti, Budi Utama, 1916-18, #982 (Jilid 4/2). Kisah, Cerita dan Kronikal | Babad Giyanti #1089.

Sêrat Babad: Surakarta Ingkang Katêlah Dipun Wastani Babad Giyanti Mawi Sêkar Macapat.

Anyariyosakên lêlampahanipun: Kumpêni Walandi, Karaton Surakarta, Ngayogyakarta, tuwin Mangkunagaran. Babon asli saking suwargi Radèn Tumênggung Yasadipura, pujôngga ing Karaton Dalêm Surakarta Adiningrat.

Kacithak saha kawêdalakên dening Namlosê Penutsêkap Budi Utama ing Surakarta, taun Be: 1848, taun Walandi: 1918.

Jilidan ôngka: IV.

--- [2] ---

...

--- 3 ---

Punika candhakipun buku jilidan ôngka: III.

DhandhanggulaTeks asli: Sêkar Dhandhanggula.

29. kangjêng gusti gya ngirid idêlir | manjing kamar sang nata sarean | pan wus cat èngêt cat supe | idêlir nyêlak gupuh | aturira dhuh-dhuh sang aji | yèn sampun tan ambangkat | inggih sang aprabu | aluwung nuntên pasraha | kraton tuwan dhatêng putra paduka ji | pangeran adipatya ||

30. mupung tuwan taksih amêningi | jumênênge putra padukendra | sang nata ririh dhawuhe | lah sapa kowe iku | idlir alon dènnya nauri | pun Ondhorêp kawula | yata sang aprabu | astane arsa ngrangkula | nora gaduk sarwi waspanya drês mijil | idlir asalênggrukan ||

31. karêrantan kalane umiring | sri narendra duk bêdhah pacina | lara lapa dèn tutake | praptèng bang wetanipun | pirang warna nabrang ing wukir | mangkya sang nata arsa | andhingini surud | kondur jaman kalanggêngan | Ratu Madurêtna anyandhing ing kering | ngemutakên kang raka ||

32. ing ature idlir wanti-wanti | sri narendra gya èngêt wardaya | ririh dhawuh andikane | lah adhi iya sukur | dene sira têka pribadi | prakara sutanira |

--- 4 ---

ki dipati iku | ya môngsa bodhoa sira | sadurunge sauwise pasrah mami | iya marang ing sira ||

33. lajêng kèndêl tan ngandika malih | idlir mêdal wus eca kang manah | sapraptane dalêm gêdhe | kangjêng gusti duk wau | ingaturan ngiwa gon sêpi | idlir ririh wacana | aturira arum | dhawuhipun tuwan jendral | lamun rama paduka jêng sang siniwi | wus pasrah ing kawula ||

34. inggih karaton ing tanah Jawi | jêng paduka kinèn jumênênga | nata gumanti ramane | ri Soma saenipun | mangke kêdah samêkta rakit | upacarèng karajan | kadi adatipun | sawusnya jumênêng nata | andrawina lan kula tuwin upisir | pangran patih bupatya ||

35. nanging lamun wontên ing pandhapi | dahat pakèwêdipun kang manah | dene kangjêng sang pamase | santêr ing gêrahipun | marma lamun tuwan marêngi | sampête jumênêngan | sigra têdhak laju | mring loji lawan kawula | tyang Kumpêni yêktine kang nyamêktani | kagêm mangun drawina ||

36. dhawuh-dhawuh yèn wus praptèng loji | lawan wontên gatining prakara | Pangran Buminata mangke | sagah nirnakkên mungsuh | nyuwun pangkat pangran dipati | lan sakèh kadangira | sami dipun suwun | kesahe saking nagara | kang supadi botên [botê...]

--- 5 ---

[...n] karya sônggarunggi | saking pamanggih kula ||

37. inggih prayogi dipun turuti | awit pangran kang maksih nèng praja | kula kintên datan sande | lolos dhatêng Matarum | asuwita mring Mangkubumi | dadya wêwah kang mêngsah | yèn paduka sarju | mrih cêlak gêdhong Parêsan | pamundhute dhuwung pangran anèng loji | mung Pangran Buminata ||

38. tinêtêpkên dadya senapati | kangjêng gusti mangsuli ngandika | inggih ta bapa idêlèr | rêmbage bapa wau | kula yêkti amung marêngi | awit sampun pracaya | bapa mung mrih ayu | ayune karaton kula | lêga tyase idêlèr gya pamit mijil | praptane sri pangantya ||

39. idlir sarêmbag lan patih kalih | tata ngadat laku jumênêngan | sawusnya rampung rêmbage | idlir tabe mit mêtu | laju kondur dhatêng ing loji | sira sang mantrimuka | sigra adhêdhawuh | samêkta rakiting karya | tuwan oprup tata-tata angrêrakit | jro loji sinamêktan ||

40. ari Soma enjang pra prajurit | wadya Kumpêni kalawan Jawa | wus abaris dhewe-dhewe | ana ing alun-alun | risang mantrimuka kêkalih | kaliwon myang bupatya | pra mantri panèwu | pangulu kêtib ngulama | pêpak andhèr anèng pagêlaran nangkil | cinatur ing kadhatyan ||

--- 6 ---

41. kangjêng gusti pangeran dipati | sampun ngrasuk busana karajan | miyos ing pandhapa gêdhe | ginarêbêg para rum | ingkang samya angampil-ampil | upacarèng narendra | sarwa adiluhung | lênggah nèng kursi samana | kawuwusa tuwan Idêlir Samawis | wus busana karajan ||

42. têkês bludru pinasmèn rêspati | tungkat dênta cinêplok sêsotya | sangkêlat langking rokine | karya gêtêr kang dulu | kadya Trajutrisna narpati | Prabu Narakasura | ing pasêmonipun | oprup lan upsir sadaya | sampun pêpak nèng ngarsane twan idêlir | abusana pamèran ||

43. sigra budhalan saking ing loji | samya wahana rata sadaya | ing pagêlaran kèndêle | idlir andhahanipun | laju malbèng ing dalêm puri | tinampèn raja putra | nèng pandhapa agung | sawusira jawat asta | tata lênggah nèng kursi oprup upisir | miwah para pangeran ||

44. sawusira antara jêng gusti | miyos saking jroning dhatulaya | akanthèn lawan idêlèr | idlir ing kananipun | kangjêng gusti kang anèng kering | kang jajari ing ngarsa | pangeran para rum | angampil-ampil pacara | sabêt êmas banyak dhalang sawunggaling | kacu harda waleka ||

45. tuwan oprup lawan para upsir |

--- 7 ---

anggarêbêg anèng wurinira | bupati kanan keringe | para mantri panèwu | nèng wurine kang para upsir | rawuhnya pagêlaran | risang kalihipun | alênggah kursi satata | anèng jrone sasana bangsal pangrawit | dhampar nèng kananira ||

46. pra pangeran oprup myang upisir | munggèng kursi sangandhaping bangsal | ing kanan miwah keringe | idlir ngadêg gya dhawuh | hèh sakèhe kang samya nangkil | pangeran mantrimuka | bupati panèwu | padha sira piyarsakna | lamun mangke sang nata wus pasrah mami | karaton ing Mataram ||

47. sri bupati wus santun wêwangi | Kangjêng Panêmbahan ing Mataram | marma tanah Jawa mangke | kang misesa amêngku | iya ingsun kang angratoni | lamun ana kang malang | têkakna dèn gupuh | sagung kang samya sumewa | mung tumungkul tan ana kang mobahmosik | idlir ngadêg kewala ||

48. satêngah jam dangune watawis | idlir lajêng dènnya undhang-undhang | hèh dipati sakarone | pangeran pra tumênggung | kliwon miwah panèwu mantri | pangulu myang ngulama | kang sewaka sagung | padha sira piyarsakna | yèn ing mêngko Kangjêng Gurnadur Batawi | angangkat raja putra ||

49. Kangjêng Gusti Pangeran Dipati | Anom Mêngkunagara Sudibya | Raja Putra Matarame | jinunjung [ji...]

--- 8 ---

[...nunjung] mring gurnadur | madêg nata ing nuswa Jawi | jêjuluke narendra | ya Ingkang Sinuhun | Jêng Sunan Pakubuwana | Senapati Ngalaga Ngabdurrahmani | Sayidin Natagama ||

50. saur manuk sagung kang sumiwi | sri narendra wus lênggah ing dhampar | anèng kanane idêlèr | para kêtib pangulu | andêdonga wilujêngnèki | ingkang jumênêng nata | Monggang munya barung | lan Kodhokngorèk gamêlan | tambur musik êdrèle para prajurit | Jawa miwah Walônda ||

51. mriyêm agêng pagêlaran muni | sinambungan mriyême Walônda | gumlêgêr ngombak swarane | lir angrubuhna gunung | kèndêlira kurmatan aji | patih kliwon bupatya | ngabêkti sang prabu | upacaraning karajan | ginantenan kaparak ingkang angampil | samana sinêngkalan ||

52. tata pandhita rasaning aji |§ Taun Jawi 1675 = taun Walandi 1749 [Sengkalan: tata pandhita rasaning aji (1675 A.J., 1749 A.D.)]. sri bupati lan idlir gya jêngkar | nitih rata sakalihe | mring loji pra dyah ayu | malbèng pura pangeran patih | kaliwon myang bupatya | tumutur sadarum | praptèng loji sri pamasa | lawan idlir laju lênggah sang kêkalih | ing trun kang rinubaya ||

53. pra pangeran oprup lawan upsir | anèng kursi ngandhap trun lênggahan | patih pra punggawa andhèr |

--- 9 ---

anèng ing ngarsa prabu | sri bupati ngandika aris | Si Paman Buminata | mêngko ingsun junjung | nama Pangran Adipatya | Senapati paprangan panata baris | lungguhe têlung nambang ||

54. Pringgapura anake Dipati | Pringgalaya sun junjung linggihnya | dadia bupati gêdhe | kaarana Tumênggung | iya Pringgadiningrat maning | Tumênggung Sasrajaya | sun salini juluk | arana Sasradiningrat | salowonge Wadana Kalang ing mangkin | ingkang anggêntènana ||

55. iya Wiradirana Ngabèi | aran Tumênggung Wiradirana | Surajênggala ing mangke | ingsun angkat pilungguh | bupati ing kutha Matawis | gêntèni Jawinata | sun paringi juluk | Tumênggung Surajênggala | saur pêksi sagunge ingkang sumiwi | angèstokakên dhawah ||

56. sawusira kèndêl sawatawis | sri bupati malih angandika | kinon amundhut dhuwunge | Pangran Arya Matarum | Danupaya Pangran Ngabèi | Pangran Adinagara | pinurugkên sampun | marang ing gêdhong paresan | lênggah bangku Dinagara ngandika ris | iki lalakon apa ||

57. ingkang ala têka dadi bêcik | ingkang bêcik têka dadi ala | pangran têlu kèndêl bae | datan mangsuli wuwus | Pangran Adinagara nuli | animbali

--- 10 ---

ajidan | Jungkur praptèng ngayun | pangeran alon ngandika | Iya Jungkur matura idêlir aglis | sun iki takon dosa ||

58. Jungkur dhêku sigra matur aris | mring itdêlir têmbunge pangeran | tuwan pra pangeran mangke | sami awêling atur | milanipun sami nglampahi | ingkang kadya punika | paran dosanipun | dene tan rumaos dosa | pun Ajidan Jungkur sampun dèn bisiki | mring idlir wangsul sigra ||

59. praptanira anjujug ing wuri | wurinira Pangran Dinagara | pan sampun dèn lairake | itdêlir dhawuhipun | botên dosa tuwan prasami | nanging itdêlir akarsa | angrêsiki mangun | kaharjaning tanah Jawa | sami kadang paduka ingkang nanggupi | ngradin sirnaning mêngsah ||

60. nanging minta paduka ywa kèksi | ngrêrubêdi lan adamêl taha | tan wontên malih-malihe | mèsêm lajêng gumuyu | mèncêp sampun mupus ing galih | ngandika jêrku apa | dene ta kumênthus | marmane kasurang-surang | tunggal lawan kakangane Mangkubumi | nora sudi kanggonan ||

61. èpèh nyêrwètèh mungil ngêruwil | Mangkubumi kang akèh dèn eman | kang siji sininggahake | kang rayi aturipun | Jêng Pangeran Arya Matawis | inggih botên kadosa | kadadosanipun | têka makatên [maka...]

--- 11 ---

[...tên] punika | mila kula atur paduka rumiyin | nyana mêmantunana ||

62. gya ladosan dhaharan sumaji | myang minuman ing pukul sawêlas | tuwan idlir parentahe | pangran sakawanipun | sampun sami susah ing galih | inggih nêdya punapa | wong pinrih rahayu | rêrêm tyas pangran sakawan | adhadharan pan sarwi aminum sopi | kasaru praptanira ||

63. kalih caraka saking Matawis | adumrojog lungguh galdri ngarsa | tinakèn mantri kang dhèrèk | ayêm wangsulanipun | kula niki tiyang Matawis | ingutus kapanggiha | lan tuwan kumêndur | ajidan gya tur uninga | marang idlir gya tumêdhak tuwan idlir | anganthi Sindurêja ||

64. sapraptane sajawining kori | idlir angling sira wong Mataram | apa karyamu marene | ayêm tumênga matur | inggih tuwan kula tinuding | gusti pêpundhèn kula | kang wau jêjuluk | Jêng Gusti Pangran Dipatya | Sukawati Senapatining Ajurit | ing pramuka jayèngrat ||

65. mundhut idi gènnya madêg aji | amêngku rat tlatah nuswa Jawa | duk tanggal ing sapisane | Jumungah dintênipun | idlir asru dènnya nauri | ora ngidèni ingwang | jêng tuwan gurnadur | wus angadêgakên raja | nora ana ing Jawa ratu kêkalih | mung siji

--- 12 ---

Surakarta ||

66. jêng pangeran dipati ing mangkin | wus ingangkat ratu kinawasa | ngluwihi rama eyange | punang caraka muwus | inggih nadyan dika kiyai | tan arsa ngidènana | parandene sampun | nolah-nolih dènnya ngucap | mèsêm-mèsêm kadi wong dhêngglêng sayêkti | mandêlo dulerengan ||

67. tuwan idlir kinon anakèni | ya wong apa lungguhe ing kana | kang tinakon lon saure | Patradita ran ingsun | Bêkêl Ngêmbêl sawah sakikil | prandene nora beda | kongkonan tumênggung | gumêr wong gumuyu latah | Sindurêja lan sagung para bupati | tuwin kang sami myarsa ||

68. tuwan idlir gumujêng dènnya ngling | iya Kakang Ngêmbêl Patradita | nuli muliha dèn age | nora ngidèni ingsun | Patradita asru dènnya ngling | lah gèh amit-amitan | gumêr wong gumuyu | lagi ngadêg pinaringan | kêton rolas gumuyu dènnya nampèni | olèh kêbo sapasang ||

69. gumêr malih kang samya miyarsi | Patradita malih wuwusira | aloma Walanda kuwe | wus lajêng lampahipun | idlir angling mring Dyan Dipati | Sindurja wuwusira | paran kajêngipun | MangkujumiMangkubumi. akengkenan | bêkêl desa minta idi madêg aji | Dipati Sindurêja ||

--- 13 ---

70. anauri gih tuwan puniki | Pangran Mangkubumi luwih guna | kongkon othe-othe bae | kang kinongkon wong pêngung | growal-grawèl dènira angling | idlir alon wuwusnya | tan kula paèlu | nadyan gawea têtawa | sasukane kaanggêpa rare alit | môngsa anglabêtana ||

71. lamun durung iya pelor mami | dadi banyu miwah dadi lêmah | sêdhih tan ana gunane | sasukane sun turut | Mangkubumi kêkancan mami | marma kalawan ingwang | langkung purunipun | anganggêp sawiyah-wiyah | nora bêsèt tibane ing awak mami | pama rare kewala ||

72. idlir wangsul malêbêt ing loji | angaturi kangjêng sri narendra | miwah sagung kang andhèrèk | pra upsir tuwan oprup | abujana nèng dalêm wuri | sri pamasa gya têdhak | lênggah jajaripun | Itdêlir nèng keringira | Pangran Buminata nindya mantri kalih | miwah sagung bupatya ||

73. tuwan oprup miwah para upsir | samya dhèrèk dhahar tunggil meja | anutug mangun sukane | idlir lan tuwan oprup | para upsir para bupati | sawusnya paripurna | kangjêng sang aprabu | diwasaning bagaskara | kondur dhatêng kadhatyan oprup umiring | ginrêbêg wadyabala ||

74. jumênênge kangjêng sri bupati | ingkang

--- 14 ---

rama mêningi nêm dina | ing malêm Akad surude | wanci satêngah wolu | layon dalêm jêng sri bupati | sinarèkkên Nglawiyan | idlir rêmbagipun | sawusira tigang dina | idlir kondur sande dènira ngawaki | amukul ing Mataram ||

75. Kangjêng Ratu Madurêtna mangkin | pan sinuwun kondur mring Samarang | sang nata amarêngake | Madura gangsal atus | pan tinilar dalah pra tindhih | idlir praptèng Samarang | tur sêrat sang prabu | surasane pra pangeran | kapat pisan sinuwun ingkang tumuli | praptane ing Samarang ||

76. myang prajurit Madura anuli | sinarêngna lan Surajênggala | ngumpul baris Tarayême | ri sampunnya sang prabu | anupiksa raosing tulis | sigra amatah wadya | ngatêr lampahipun | para pangeran sakawan | dalah garwa putra ingangkatkên nuli | sapraptane Samarang ||

77. kinendhangkên mring Selong nagari | kawuwusa malih sri narendra | wong Madura sadayane | kinon mring Trayêm ngumpul | têtindhihe ingkang prajurit | Dyan Carang Mandhalika | pêpulunanipun | pramèswarining narendra | duk samana radyan pinaringan putri | miwah arta busana ||

78. budhal Surajênggala angirid | gangsal atus prajurit Madura | prapta Tarayêm lampahe |

--- 15 ---

sarêngan praptanipun | bantu ingkang saking Samawis | tigang atus Walanda | Bali Bugisipun | nênggih kapitan sakawan | kawan atus badhe mukul ing Matawis | tan winarna ing marga ||

79. sapraptane ing Tarayêm baris | eca tyase prajurit kang lama | dene prapta babantune | tuwuh sudiranipun | rêmbagira kang para tindhih | badhe gitik Mataram | ngantinganthi. pra tumênggung | kang samêkta sikêp tundhan | kunêng malih Mataram ingkang winarni | atas pamyarsanira ||

80. lamun badhe linarag Kumpêni | sri bupati umangsah mêmuja | nyirnakkên pôncadriyane | êning wêngku-winêngku | datan samar lamun ing mangkin | wus môngsa ngantêp yuda | nging panggenanipun | botên wontên ing Mataram | kêdah manggèn ing papan wiyar waradin | sri nata gya dhêdhawah ||

81. Pangran Purbaya Pangran Suryadi | lawan Pangeran Mangkukusuma | wus kinèn marang Pagêlèn | de bupati kabantu | Janapura Jayanagari | kang ngilèn ngalèr marang | Tarayêm bêbedhung | Dipati Suryanagara | Môndaraka Wiradigda lawan malih | Radyan Jaga Ulatan ||

82. mantrinira Pangeran Dipati | Mangkunagara jaya angkatan | ing tanah Pajang kang êlèr | Jayadirja Tumênggung | Brajadênta lan Brajamusthi | urut Pajang kang wetan | ing

--- 16 ---

Pajang kang kidul | Pangeran Adiwijaya | Singasari Mangkudiningrat akanthi | Bupati Wiranata ||

83. dene ingkang têngga Sukawati | Adipati Pugêr kanthinira | bupati môncanagrine | ingkang sampun anungkul | bupatine Pangran Dipati | Arya Mangkunagara | kinon karya riwuk | mring pasisir anggêgila | pra bupati pasisir prasamya tintrim | tur acungan Mataram ||

84. ya ta wau Tarayêm winarni | wus samêkta mung anganti dina | pitung atus ing cacahe | Bugis Makasar Wangsul | gangsal atus Kumpêni putih | gangsal atus Madura | tindhihing wadya gung | Mayor êpor ingkang dadya | senapati dene ingkang anisihi | Sakèbêr balanira ||

85. tigang atus drahgundêr Wêlandi | kalih atus Kumpêni kang dharat | wadya Jawa têtindhihe | sagung para Tumênggung | Mangkupraja Kartanagari | Tumênggung Wiraguna | akanthi Tumênggung | Natayuda Wiradigda | Dyan Urawan Kartadipa Rajaniti | lawan Surajênggala ||

86. samya nindhihi bala pribadi | mantri miwah prajurit arahan | wontên salêksa gunggune | gêgamane tumênggung | kalih èwu sabrang Kumpêni | saking Trayêm budhalan | pinêthuk binedhung | Dipati Suryanagara | sakancane sami ngaturi udani |

--- 17 ---

maring nagri Mataram ||

87. Sri Bupati Mataram duk tampi | warta lamun Kumpêni wus budhal | sing Trayêm agung balane | bata tilas kadhatun | kinon gêmpur arsa ngoncati | nêdya awêwêlutan | anjog maring Kêdhu | bata kadhatyan wus sirna | pra bupati sadina-dina wus rakit | kapraboning ayuda ||

88. Suryanagara Radyan Dipati | tarung riwuk nginthil kering kanan | sinêrot ngoncati mire | tinilar atut pungkur | kaku tyase tan dèn lawani | mayor kalih parentah | aja na maèlu | prang setan tan dadi ngapa | kang lêlampah wong cilik kaliwat sêdhih | bingung akarepotan ||

89. kèndêl marga Babadan sawêngi | enjing budhal Dyan Surajênggala | ingkang dadya panganjure | ing Mataram cinatur | sri bupati ngetan kang kèri | ingkang môngka kêkawal | priyayi katêlu | Wiraguna Wiratmaja | Wiragala sangang atus gunging baris | samya wahana kuda ||

90. baris Trayêm prapta manggih sêpi | amung mantri têtiga kinawal | atata pamondhokane | mayor parêntahipun | anêlasah mungsuh nèng êndi | lan kinèn anarupna | sakathahing dhusun | Tumênggung Surajênggala | lan Tumênggung Rajaniti samya nuding | nlasah paraning mêngsah ||

91. sira Suryanagara Dipati |

--- 18 ---

tinimbalan tinuduh dadia | marang Kêdhu panganjure | angetan nora dangu | têdhakira Prabu Matawis | ngalèr lajêng anulya | ngilèn jog ing Kêdhu | Dipati Mangkunagara | saha bala ing lampah kang munggèng wuri | prajurite akathah ||

92. ing Pasantrèn makuwon sawêngi | enjing budhal masanggrahan Pathak | wong desa wus nungkul bae | nabrang Pêraganipun | nèng Têmanggung sri narapati | Pangran Mangkunagara | mung saênggènipun | tarub tan ana kang malang | samya têluk kang wontên sipat priyayi | Radèn Mangunkusuma ||

93. Arya Kusuma sampun anunggil | lawan Dipati Suryanagara | myang Mandaraka barise | Jagaulatanipun | Wiradigda wong Kêdhu sami | prasamya ingundhangan | satus jaran wolu | wus kathah prajuritira | nging ombyokan kawuwus Pagêlèn sami | mring Kêdhu katimbalan ||

94. Pangran Purbaya praptanirèki | prajurite rongèwu turangga | nyèwu Pangeran kalihe | Mangkukusuma wau | lawan Pangran Arya Suryadi | prajurite turangga | sami cacah nyèwu | nanging wau ingkang raka | durung tega angangsahêna ngajurit | yêkti marahi gêtas ||

95. kawarnaa kang anèng Matawis | myarsa anèng Kêdhu mêngsahira | samya ngumpul sadayane | wong sa-Kêdhu sumuyut | yèn [yè...]

--- 19 ---

[...n] lamia anèng Matawis | sikêpe pra bupatya | minggat nusul mungsuh | rêmbag sigra bêbudhalan | baris agung Mataram mring Kêdhu malih | wus praptèng Parimana ||

96. Suryanagara Radyan Dipati | tur uninga yèn Kumpêni prapta | nèng Parimana barise | sigra budhal sang prabu | saking Kilènpêraga kêrig | wus prapta Ngadiraja | angantosi mungsuh | sadalu dènnya pirêmbag | pamêthuke mêngsah nèng Tidhar ajurit | dene ra-ara jêmbar ||

97. rakit gêlar ing ayuda benjing | ingkang rama amundhut ing dhadha | mundhut katri punggawane | Janapura Tumênggung | Janagara miwah Dipati | Jayaningrat Mataram | nèng dhadha gènipun | kang badhe ingabên dharat | Jêng Pangeran Dipati Mangkunagari | kang ngajangi Madura ||

98. Radèn Dipati Suryanagari | angajangi wong Kumpêni Islam | katri punggawa kanthine | pacêkan Mantri Kêdhu | kang ginawa tumut ngombyongi | wus matêng kang pirêmbag | tan kawarnèng dalu | enjing budhal atêngara | rêbat papan Kumpêni budhal marpêki | amrih yuda kênaka ||

58. Pangkur

1. praptèng ara-ara Tidhar | wong Kumpêni kidul kang dèn ênggoni | kang êlèr Prabu Matarum | Kumpêni tata gêlar | mayor kalih andhadhani ênggènipun | drahgundêr [drah...]

--- 20 ---

[...gundêr] lawan kang dharat | angumpul dadya sawiji ||

2. mriyêm kalih lawan tiktak | mung sakawan anèng dhadha anunggil | kang pangawat kiwanipun | prajurit ing Madura | Radèn Carang Môndhalika gangsal atus | pangawat kang têngênira | Kumpêni Islam pra sami ||

3. Pangeran Mangkunagara | wus angilèn ngidul adhêpirèki | prajurite patang puluh | kang kinèn tilar tumbak | aja ewuh kapiran pêrange pistul | panah ingkang kalih dasa | Dipati Suryanagari ||

4. sabalane wus angetan | madhêp ngidul ngajêngkên bala Bugis | Makasar Sêmbawa Butun | pitung atus sadaya | pra bupati kalih kiwa têngênipun | nênêm ingkang munggèng dhadha | anunggil lawan Kumpêni ||

5. Sri Narendra ing Mataram | ngilèn ngetan jojog kudanirèki | wus prayoga rakitipun | asru dènnya ngandika | dèn abêcik mungsuhira kadi mêndhung | wus dènnya sawang-sinawang | Mayor Por lanas ing jurit ||

6. mangke dèn ririh kewala | dimèn gitik eca dèn paekani | usar sampun katêlanjur | wontên kalih pambalang | wong Mataram samya giyak sarwi kukuk | angêdrèl Kumpêni usar | sapisan wus dèn susupi ||

7. mantri pinilih anunjang | para mantri kaparak anututi | para santana tumênggung |

--- 21 ---

samya umangsah dharat | Janapura Jayanagara angamuk | akuwêl ulêng-ulêngan | sami rok asilih ungkih ||

8. caruk rukêt amangrêmpak | rame udrêg gumuruh tambur bèri | bêndhe awor Carawangsul | wor surake kang wadya | Adipati Suryanagara wus campuh | Wiradigda Môndaraka | pra bupati angawaki ||

9. Dipati Suryanagara | mantri anyar Kêdhu kang dèn tindhihi | ingadu dharat angamuk | lawan Kumpêni Islam | rame caruk surake wadya gumuruh | kadya prahara ruhara | kumarubut rêbut pati ||

10. Pangeran Mangkunagara | ngangsahakên prajurit kang turanggi | kumrutug swaraning pistul | wadya Madura mangsah | Carang Môndhalika ngabani angamuk | kotbuta anêmpuh rampak | mungsuh mêngkap kanan kering ||

11. panumbake ingoncatan | giwar mistul ana ingkang jêmparing | pinistulan ngalor ngidul | wus kathah ingkang pêjah | kaku tyase anyarêmpêng nyêrot purun | tinadhahan kang sanjata | saking sanginggil turanggi ||

12. nêmpuh wusnya muni giwar | mistul wuri jêmparing nganan ngering | sami kakuning tyasipun | sayah binakta giwar | Carang Môndhalika maksih apêpayung | sami andheprok sadaya | Pangeran Mangkunagari ||

--- 22 ---

13. angangsahkên wong kang tigas | mantri jêro pangeran anindhihi | sarêng nyamêthi anêmpuh | nubruk ngilês turôngga | wong Madura bingung panumbake luput | kalamun tinumbak kêna | rusak bubar bosah-basih ||

14. Radèn Carang Môndhalika | cinakuthak pinistul sampun kêni | jaja kang kiwa anêluk | sigra Kudanawarsa | mêdhun saking turôngga anumbak purun | Radèn Carang Môndhalika | kawatgata wus ngêmasi ||

15. tumpês kèlês wong Madura | gangsal atus mung limalas kang kèri | kacêkêl urip nêmlikur | mantrinipun satunggal | Dêmang Brajawati rolas kancanipun | tan karuwan palayunya | angungsi bala Kumpêni ||

16. Mayor Por kang kacakuthak | Kumpênine usar wus akèh mati | Sakèbêr nisih lumayu | amung pêjah sadasa | drahgundêre usar kari pitung puluh | pisah mangiwa mangawat | tumênggung kalih tut wuri ||

17. Dipati Suryanagara | sakancane ngidak pangamuknèki | ungkih-ingungkih abakuh | sagung para kapitan | angawaki kang pra bupati anêmpuh | caruk rok aliru watang | cinorok rukêt kinêris ||

18. kapitan katiga pêjah | Kumpêni Slam rusak barisnya ngisis | ingamuk para tumênggung | para mantri sadaya | ing prang wuru liwung ulêngan apêluk |

--- 23 ---

akèh kang watang-winatang | ana kang kêris-kinêris ||

19. Bugis Bali sampun risak | sakarine ngungsi marang Kumpêni | maksih rame ing prangipun | rukêt bala Walônda | wong Mataram barêng nêmpuh ambyuk nubruk | Dipati Suryanagara | saunggulira angungsir ||

20. lajêng ngawêt saking wetan | sarêng nêmpuh kotbuta ing ajurit | Kumpêni Slam kathah lampus | drahgundêre wus giwar | Mayor êpor ebat tênaganing mungsuh | lajêng dènira kaplajar | Kumpêni ingkang lumaris ||

21. nadhahi kalawan tiktak | wantu kêdhik satus ingkang lumaris | rukêt cinorok abingung | tumpês satus sakêdhap | ting gêlasah tiktake binandhang sampun | tuwin mariyêm tinilar | gusis lumayu angisis ||

22. Sakèbêr mulat mangetan | yèn Mayor Por sampun lumayu têbih | tambur lan banderanipun | tiba sampun kabandhang | mung Sakèbêr maksih rèrèh unduripun | mungsuh samya ambêbandhang | tan ana ingkang angusir ||

23. Dyan Tumênggung Wiradigda | Kartadipa lawan Kartanagari | tan pisah Sakèbêripun | Tumênggung Mangkupraja | Wiraguna lan Natayuda kabutuh | palayune katungkêpan | Dipati Suryanagari ||

24. kinêpung kèndêl kewala | samya nungkul wau kang mênang jurit | nèng padhusunan [pa...]

--- 24 ---

[...dhusunan] angaup | Pangeran Purubaya | wau pamit duk arsanira umanggut | anyingkirakên kang garwa | sabubare aprang prapti ||

25. antuk Walônda satunggal | pan Walônda bingung tan wruh ing margi | kasasar dènnya lumayu | katur dhatêng kang raka | aseseban nèng ngandhap waringin agung | kang putra sampun sumewa | miwah sagung pra bupati ||

26. sami ngaturkên bandhangan | Adipati Suryanagara ngirid | wau bupati katêlu | Suryanagara lênggah | ing wurine Mangkunagara duk wau | bisik-bisik aturira | pangeran turira aris ||

27. mring kang rama sri narendra | nata dhawuh tan owah bupati tri | Suryanagara umatur | Mantri Kêdhu pacêkan | Ranadipa Randhusana cangkokipun | mantêp wantêr purun aprang | antuk kapitan satunggil ||

28. pêjahe rukêt tinumbak | pun kapitan layar Kapitan Bugis | kêkalih sareanipun | kang têtulung dèn iras | wontên ngajêng kula anggènipun caruk | sang nata ris angandika | iya uwonge kang êndi ||

29. nèng wingking kinèn mangarsa | lênggah mapan ngandika sri bupati | lah dene iku abagus | kulup Mangkunagara | iya mèmpêr Si Kudanawarsa iku | ingkang putra matur nêmbah | inggih sayêkti yèn mirip ||

30. ngandika wau

--- 25 ---

sang nata | ingsun pundhut ingsun karya bupati | bupati miji wong sèwu | salungguhe kewala | kaaranna Si Tumênggung Singaranu | sawah jro gêdhong kapêdhak | tur sêmbah konjêm ing siti ||

31. hèh Adhi Suryanagara | tunggalêna iku karyaning jurit | Si Tumênggung Singaranu | lawan Si Wiradigda | Môndaraka Si Jaga Ulatan iku | Dipati Suryanagara | sandika aturirèki ||

32. dènira prang lingsir wetan | lingsir kilèn bubaraning ajurit | cinacah Walônda lampus | kathahe tiga bêlah | Bali Bugis ingkang pêjah kawan atus | pan kawan atus sawidak | prajurit Madura mati ||

33. wong Jawanipun akathah | budhal saking paprangan sri bupati | makuwon Sukarwe dhusun | sadalu suka-suka | pra pangeran samya natab Carawangsul | punggawa kang agêng samya | anatab kang Carabali ||

34. Dipati Suryanagara | Adipati Jayaningrat Matawis | samya nabuh Carawangsul | pakuwon natab Monggang | pra prajurit sapocapan samya ngungun | kalane marwasèng mêngsah | saur-sinauran sami ||

35. kunêng ing dalu wus enjang | Jayaningrat Mataram tur udani | yèn Kumpêni lampahipun | mring Mataram sakêdhap | mampir kalih êjam prasamya alaju |

--- 26 ---

angetan inggih wikana | ing lampah kang dèn purugi ||

36. suka wau duk miyarsa | sakalarsa kondur dhatêng Matawis | têngara budhalanipun | Pangran Mangkunagara | Pangran Purubaya kang munggèng panganjur | Dipati Suryanagara | nèng wuri lan pra bupati ||

37. Kêdhu anyar têtêlukan | pra bupati samya atilar mantri | kang samya têngga ing Kêdhu | wau ta lampahira | pan sadina rêrêp dhusun Watukarung | enjing sawadyane budhal | praptane Mataram nagri ||

38. Mangkunagara mangetan | ingkang rama dene dèrèng dhawuhi | badhe ing pakuwonipun | sinusul ingandikan | ingkang rama kèndêl ngêntosi nèng Bakung | sapraptanira kang putra | kang rama ngandika aris ||

39. kulup ingsun gawèkêna | ya kadhaton ing desa kidul iki | Kabanaran jêmbar iku | ingkang putra sandika | pra bupati ingirid sadaya tumut | prasamya andum pakaryan | Kêdhu Pagêlèn Matawis ||

40. ing Bakung ingkang atêngga | abdi dalêm ing jro ingkang prajurit | wau kang samya anambut | kitha ing Kabanaran | tan alama dadya pasang rakitipun | tanah bagus rada jêmbar | polatan ing kanan kering ||

41. Dipati Suryanagara | lan Dipati Jayaningrat tinuding | amondhongi sang aprabu | prapta matur

--- 27 ---

tur sêmbah | kula ngutus ing putra tuwan sang prabu | Dipati Mangkunagara | tur wikan kadhaton dadi ||

42. jêng paduka ingaturan | sri narendra sigra budhal lumaris | ngidul ngetan praptanipun | pinêthuk baris urmat | drèl ping tiga urmat pangadhatonipun | arja sagung pra bupatya | atata pomahan sami ||

43. Pangeran Mangkudiningrat | Pangran Adiwijaya duk udani | kala mayor kalih langkung | sami kagyat tan nyana | dene mêdal margi agêng botên purun | mêdal pinggir gunung Kêmbang | angalèr wetan jognèki ||

44. Jatinom Pabelan Kopat | ngalor anjog ing Ngêndho ngetan malih | praptèng Kuwêl ngaloripun | Pêngging kèndêl sakêdhap | nuju wontên baris arahan ing ngriku | Mas Dêmang Surakartika | baris Pêngging kang nindhihi ||

45. pinarêng Sang Adipatya | Pringgalaya têtinjo baris Pêngging | sami kagète pinêthuk | Mayor Por têtabean | Mayor Pèbêr tabean lajêng angrangkul | Pringgalaya guragapan | adhuh tuwan kadi pundi ||

46. sakèrine pra bupatya | ngujung maring Pringgalaya Dipati | Dyan Wiradigda Tumênggung | Tumênggung Kartadipa | miwah sira Kartanagara Tumênggung | Tumênggung Surajênggala | lan Tumênggung Rajaniti ||

--- 28 ---

47. kabèh prasasat wêwuda | dènnya pisah lawan kang wadya sami | Sakèbêr Gêmêt atutur | sapolahe prang Tidhar | mangke kathah Mangkubumi balanipun | duk prang Tanjung kadar pira | prandene bôndakalani ||

48. sawusira dhêdhaharan | anèng Pêngging budhal mring Bayalali | Pringgalaya ngetan sampun | mantuk mring Surakarta | nèng Bondalêm pisahe lan mayor wau | sapraptanira Samarang | Mayor êpor ingkang kari ||

49. Sakèbêr kinèn wangsula | marang Surakarta sawadyanèki | drahgundêre pitung puluh | sarta sinungan boman | prapta Surakarta gantya kang winuwus | Pangeran Adiwijaya | Mangkuningrat Singasari ||

50. ingkang sami tinanggênah | tanah Pajang duk langkunge Kumpêni | rencang Kumpêni kang kantun | prasamya binegalan | mring mantrine nênggih Pangeran katêlu | angsal tambur lan bandera | kang binegal samya kingkin ||

59. Asmaradana

1. wau wong agung Matawis | Pangeran Adiwijaya | Mangkudiningrat tigane | Jêng Singasari Pangeran | rêmbag prasamya sowan | marang kangjêng sang aprabu | kang ngadhaton Kabanaran ||

2. budhal praptane Matawis | katur sagunging bandhangan | lan ngaturakên wartane | lampahe mayor kalihnya | sang nata langkung suka | wus kinèn [kinè...]

--- 29 ---

[...n] atata dunung | wismèng nagri Kabanaran ||

3. saya agung ingkang prapti | wong Kêdhu Pagêlèn samya | môncanagara kang êlèr | Dipati Pugêr wus prapta | Bupati ing Balora | miwah Bupati ing Warung | Sêsela myang Jagaraga ||

4. Jayadirja lawan malih | Dyan Rôngga Wirasêtika | wong Dêmak Jipang saparo | samya seba garêbêgan | mring nagri Kabanaran | anuju garêbêg Mulud | arja lir nagri wus lama ||

5. samana nagara dadi | nanging cara pabarisan | sagung wismane punang wong | samya ngajêngakên marga | jêjidharan atata | wisma gêng-agêng anglajur | gêng-gêng jaro pra bupatya ||

6. lurunge jêmbar arêsik | akathah marga prapatan | prayoga wêdhi sitine | gasik kambah ing akathah | toya wêning tumumpang | sabên kang para tumênggung | sami adarbe balumbang ||

7. miwah ingkang para mantri | tan towang karya balumbang | Jumungahipun agêdhe | pasar gêdhe sabên dina | dodolan warna-warna | warung urut pinggir lurung | murah kang sarwa tinumbas ||

8. garwa putrane sang aji | myang Pangran Mangkunagara | kang anèng Sukawatine | samana wus samya prapta | miwah kawula warga | tan ana kantun wus kumpul | anèng nagri Kabanaran ||

9. langkung arjaning nagari | balabar ingkang pomahan |

--- 30 ---

têgal wana tratabane | wus samya dadya pomahan | wong ngumbara karasan | mangkana gantya winuwus | Kumpêni akarya gêlar ||

10. Mangunonêng duk kariyin | pêpatihe Sunan Cina | ing Randhulawang bêdhahe | kacêkêl anèng Toyamas | binêkta mring Jakarta | dadi gêlojo nèng ngriku | ing mangke arsa dinuta ||

11. suwitaa mring Matawis | sarta ginawan nagara | ing Pathi dèn paringake | lakunipun rong prakara | yèn kanggo ginawea | pêpatih amangku rêmbug | pinasrah barang prakara ||

12. rinêmbugana kang bêcik | iya lawan dèn tanggunga | Kumpêni mitra sêdyane | sêcatuhu angamônga | mring trah Pakubuwanan | yèn wus tan kêna dèn êluk | nora ina pining sapta ||

13. lan anggawa maosadi | panutut anut ing karsa | yèn mungguh wong Jawa pèlèt | Kumpêni usada trêsna | nora panggawe cidra | cinidrana yèn apêngkuh | pêngkuhe ambuwang nalar ||

14. samana wus angirupi | Mangunonêng mring wong desa | saking Kumpêni gêlare | piranti amranti bala | Mangunonêng wus mêdal | saking Kumpêni misuwur | minggat dosa rêbut gêsang ||

15. wus anjog nagari Pathi | bupatine samya kesah | mring Samarang pangungsine | wong Pathi nungkul [nungku...]

--- 31 ---

[...l] kewala | tan ana kang malanga | Mangunonêng undhang sampun | siyaga kapraboning prang ||

16. wus samakta ingkang baris | sikêp bêdhil wolung dasa | satus sawidak numbake | mantrinipun kawan wêlas | saking ing Pathi budhal | sakawan banderanipun | sêdyanjog ing Garobogan ||

17. ing Garobogan wus prapti | suwêng kang darbe nagara | Dipati Pugêr patihe | Dêmang Wêrgadimanggala | ingkang têngga nagara | kalawan urunanipun | bupati môncanagara ||

18. Balora Warung lan malih | Jagaraga miwah Jipang | para mantri urunane | têngga nagri Garobogan | kapalan nigang dasa | dadya kumpul gangsal atus | sapalih pasisir Dêmak ||

19. dalême dyan adipati | anèng sawetaning Bicak | rinakit kadya kadhaton | Mangunonêng praptanira | mondhok paseban jaba | cingak wêwangunanipun | lan kathah ingkang atêngga ||

20. Wêrgamênggala manggihi | lan para mantri urunan | wong môncanagara kabèh | Mangunonêng tigang dina | kèndêl nèng Garobogan | andina patakonipun | solah bawaning dipatya ||

21. sabubare Randhukori | Dêmang Wêrgadimanggala | ingkang galur lêlakone | ngaturi para pangeran | kang apês lan digdaya | ingayonan [inga...]

--- 32 ---

[...yonan] wrating pupuh | kang apês tinundhung kesah ||

22. kang prawira dèn ugêmi | pamomonge rinungkêban | dènira dadi bêbotoh | Pangran Mangkubumi ingkang | tan mèngèng binotohan | mangkya kadadosanipun | jumênêng ratu prakosa ||

23. Mangunonêng brêbês mili | ngrasa tiwasing sarira | nèng Batawi dadi glojo | Dêmang Wêrgadimanggala | angandhêg lampahira | ngantosa kèngkènanipun | tur uningèng Kabanaran ||

24. anuduh mantri kêkalih | kêkapalan kalih dasa | ing marga tan winiraos | praptanirèng Kabanaran | katur mring sang dipatya | sêrate winaos sampun | kadriya têmbunging surat ||

25. lajêng undhang pra bupatya | seba mring Mangkunagaran | wus katur wau surate | ingkang saking Garobogan | Pangran Mangkunagara | lajêng sowan mring kadhatun | canthèl atur ingandikan ||

26. lawan Pugêr Adipati | myang Dipati Jayaningrat | katri prapta ngarsa katong | Pangeran Mangkunagara | matur atur uninga | Mangunonêng praptanipun | badhe suwitèng narendra ||

27. ngandika sri narapati | lah padha sira rêmbuga | lan para bupati kabèh | lah Kakang Pugêr ta sira | Dipati Jayaningrat | priye kang dadi rêmbugmu | Dipati Pugêr turira ||

--- 33 ---

28. sumôngga karsa narpati | pun Mangunonêng punika | lair-batinipun lobok | wite têngah lan wêkasan | loboke botên gethang | jaba jêro ngajêng pungkur | gêgubras edan-edanan ||

29. pikir botên mawi dêling | mung inggih tiyang punika | anglarug banjur dêlojor | pawitane gêgêmblungan | angengkrang salengkrangan | mung nguyupa lêri patut | punika atur kawula ||

30. Jayaningrat ing Matawis | ature inggih punika | pun Mangunonêng dede wong | upami kinarsakêna | anggarapa prakara | sayêktinipun têruwu | ping kalihipun punika ||

31. amba kintên ngêngilani | sagah dhatêng ing Walônda | anggêgampang tan wrin kewoh | punapa rare sadaya | kang ngadhêp padukendra | tan wruh apanggawenipun | ing sasêran kamadaka ||

32. ngandika sri narapati | yèn katêlu wus mupakat | kulup kapate lan ingong | nanging sanak-sanakira | santana pra bupatya | padha tarinên sadarum | Si Mangunonêng praptanya ||

33. wus mêdal wong agung katri | Pugêr karya srat wangsulan | wus kinèn anglajêngake | Mangunonêng lampahira | dutane wus tinulak | maring Garobogan mantuk | ing marga tan winursita ||

34. prapta sampun dèn dhawuhi | Mangunonêng [Ma...]

--- 34 ---

[...ngunonêng] lajêngira | sigra atêngara bêndhe | budhal saking Garobogan | dene kang wadyabala | kadi wontên kawan atus | lan mawi talèdhèk gangsal ||

35. kang gêndhing samargi-margi | dènira nglangkungi wana | gumuruh alas pajatèn | alas ing Kêndhêng punika | praptane kidul arga | kèndêl ing tambak kênawur | amakuwon kalih dina ||

36. lajêng mangidul lumaris | Tumênggung Mangunonêngan | wus makuwon ing Garompol | akathah wong kang suwita | Pangran Mangkunagara | nuduh baris kang kalanthung | Tumênggung Kudanawarsa ||

37. Mantri Sukawati kalih | ingkang ngirid tuduh marga | Mangunonêng ing lampahe | manawi akarya gita | sagung baris pangarsa | samarga anitih tandhu | ngidul ngilèn lampahira ||

38. sapraptaning Jatisari | wangsuling wong Sukawatya | nanging sampun masrahake | mring Mantri Mangkunagaran | kang ngirid angatêrna | Dêmang Jagayuda gêmblung | kang ngatêr mangidulira ||

39. sapraptane gunung Wijil | Ki Tumênggung Wiranata | kang kengkenan ngatêrake | lagya ing pukul sawêlas | watêse kèndêlira | amakuwon ing Kalêpu | dhusun agêng pinggir marga ||

40. duk lagya cucul turanggi | Tumênggung Kudanawarsa | liwat ngajêng pondhokane |

--- 35 ---

mantri pangarsa binêkta | dènnya akarya eram | ngarsa kuda tigang atus | Ngabèi Rêsadirana ||

41. mukul tambure kêkalih | banderanipun sakawan | bêcik-bêcik prajurite | Mangunonêng sarowangnya | mêdal mulat kang liwat | atêtanya sapa iku | wontên bature uninga ||

42. saking Drêsanan manawi | Tumênggung Kudanawarsa | nênggih pangajêng balane | pitung atus kang turôngga | sami wong pêpilihan | ing wurine tigang atus | prajurit wahana kuda ||

43. kalih èwu dharatnèki | Tumênggung Kudanawarsa | Mangkunagaran pêpatèh | punika êmbane lama | nguni Wiradiwôngsa | Mangunonêng duk angrungu | julalatan guragapan ||

44. baturku ngadu kêmiri | Si Adhi Wiradiwôngsa | wus dadi prajurit gêdhe | môngsa lalia maring wang | lah age Pôncadriya | umatura lamun ingsun | kangên arsa pêpanggiha ||

45. lumayu anêrak baris | praptèng ngarsa atur sêmbah | raka paduka salame | langkung kangên mring paduka | kèndêl Kunadawarsa | balane kang katêlanjur | prasamya kinèn balia ||

46. menggok mangalèr sakêdhik | Mangunonêng eram mulat | Kudanawarsa balane | Sura kinanthi nèng ngarsa | turôngga pitung dasa | samya cêmêng bajunipun | kuluk bêsur cêmêng

--- 36 ---

samya ||

47. lancingan sangkêlat abrit | apanji-panji sadaya | mudhun saking turônggane | Tumênggung Kudanawarsa | gapyuk asêsalaman | Kudanawarsa rinangkul | si adhi nora kayaa ||

48. têka sami salin warni | adhi busananing bala | têka mangkene rakite | nauri Kudanawarsa | kakang inggih parentah | ing ratu ingkang tinurut | ratu prawira prakosa ||

49. Pangeran Amangkubumi | kakang kang jumênêng nata | angluwihi darajade | ing aprang undhagi gêlar | waspada ing wêweka | kakang wontên pitung dalu | ngandika dhatêng kang putra ||

50. hèh ta kulup adipati | babo dèn padha prayitna | ana upayaning mungsoh | akêri walikating wang | kaya nablok ananjak | parangmuka mara sandu | pangendra karti sampeka ||

51. karasa iya tyas mami | bocah ingsun Suranata | kabèh nglakonana mangke | aja ana mangan sêga | mêsu mêmintèng Suksma | sun belani nora turu | lawan iya nora dhahar ||

52. kaya mèh prapta ing mami | lakune pangendrajala | satru anêngah badhene | kulup sira kasukana | lan sagung pra bupatya | aja katara yèn ingsun | gaib amangun budaya ||

53. ingsun lagi aprang batin | mêminta pitulunging [pitulung...]

--- 37 ---

[...ing] Hyang | supaya kêna pamêlèh | sakèhe kang laku cidra | Mangunonêng miyarsa | pucat netyanira payus | alêsu sariranira ||

54. Kudanawarsa ngrapêti | andika puniku kakang | kapasang yogya sêdyane | wus lami nata ngandika | kulup Mangkunagara | sun têtêdha siyang dalu | olèha kanthi wak ingwang ||

55. kaya Mangunonêng nguni | nagara têlu kewala | bisa bêdhah praja gêdhe | Si Kakang Pugêr Dipatya | kanthine durung ana | dumadak andika rawuh | pan sabda pandhita raja ||

56. cahyanira muncul malih | pucate asêmu bingar | dènnya miyarsa wuwuse | Tumênggung Kudanawarsa | ilang kang mêlang-mêlang | ginolong-longe kumlungkung | mrih mirapêt pangrêrêpa ||

57. bok kacakuthak sathithik | kacênthok kang kacêthikan | ginawa ing panggawene | ginagaping gita basa | basukine kang lampah | wus nora ametung untung | mung sêla salamêtira ||

58. kalangkung pamintaningsih | Tumênggung Kudanawarsa | wruh lamun gêmpal atine | upaya pinulasara | sarewa-rewaning rat | mêmaras miris angrungu | rèhe kang umadêg raja ||

59. sêdhat-sêdhèt ing panglirik | Tumênggung Kudanawarsa | ngungun cilike atine | dadra cidra badhenira | dhatêng ingkang anduta | badhe [ba...]

--- 38 ---

[...dhe] ngugêmi kang laku | sumungkêm lair batinnya ||

60. angling yèn makatên ugi | Dhi Mênggung Kudanawarsa | kula dika sêtyakake | dhatêng ing Kangjêng Bandara | Pangran Mangkunagara | kula lair batin sujud | katura gambuh kang rama ||

60. Gambuh

1. matia raganingsun | ngayahan dalêm sajroning pupuh | nêdya sabilullah bêkti kula adhi | nanging ta kawula suwun | Adhi pun Pathi kemawon ||

2. dadya Kyai Tumênggung | Kudanawarsa tan bangkit laju | Mangunonêng anggubêt sangêt jrihnèki | kalamun pisaha laku | anggondhèl kudu anggendhol ||

3. dadya wau tinurut | sarêng ing lampah kyai tumênggung | anèng dhusun Kalêpu sipêng sawêngi | nuntên budhal enjingipun | rêrêm dhusun ing Kamalon ||

4. wontên dêdamêl rawuh | sami mariksa bulus ing Jimbung | kuda sèwu prajurite bêcik-bêcik | abêcik punggawanipun | katon santosa tos-atos ||

5. lampah mawi panganjur | kuda rongatus banderanipun | kalih supit ing wuri sasupit malih | nênggih kang turôngga satus | ing wuri sapôntha golong ||

6. kèndêl punggawanipun | Mangunonêng atêtanya arum | inggih sintên adhi wong agung puniki | Kudanawarsa umatur | sampeyan supe [su...]

--- 39 ---

[...pe] kemawon ||

7. punika mantunipun | Dipati Pugêr kang ajêjuluk | Dyan Suwandi mangke wus nama Dipati | Suryanagara gêgêdhug | dadya andêling palugon ||

8. angrèh wadyabala gung | sabin Mataram lêlungguhipun | saking Jimbung wartinipun kala wingi | Mangunonêng wuwusipun | punapa kenging tinakon ||

9. sampun dadi wong agung | Kudanawarsa alon sumaur | inggih lamun liyan sampeyan tan kêni | mara aturana gupuh | si adhi têmu lan ingong ||

10. sigra ngaturan wau | marang Kudanawarsa Tumênggung | Adipati Suryanagara lumaris | wus panggih lan Ki Tumênggung | Kudanawarsa lingnya lon ||

11. gih adhi milanipun | kula aturi kèndêl rumuhun | de ramanta punika arsa pêpanggih | Dipati Pathi rumuhun | nêdya sowan ing sang katong ||

12. dadya kagyat anjumbul | ing sêmu langkung dènira tambuh | dharakalan Dipati Suryanagari | murugi arsa angujung | Dyan Mangunonêng agupoh ||

13. nampik pangujungipun | akipa-kipa panyêgahipun | sampun-sampun pun anak inggih samangkin | môngka sipating kaprabun | samya salaman kemawon ||

14. êram dènira dulu | Mangunonêng ing busananipun | sabalane Dipati Suryanagari |

--- 40 ---

lir wong Japara kang tuwuh | mubyare miwah kèhing wong ||

15. alon dènira muwus | adhi dahat anggèn kula ngungun | botên dugi tibane Pajang Matawis | Suryanagara nak ingsun | sami lan wadananingong ||

16. duk arjaning praja gung | kula nèng Pathi dadya tumênggung | anyarêngi Citrasomna Adipati | seba ing garêbêg Mulud | kèhing wadya busana byor ||

17. Japara limang èwu | gunging bala myang busananipun | sami ugi lawan anak adipati | têka tan kêna winuwus | darajad parêk lan katong ||

18. pun anak kalih èwu | sabin Mataram lêlênggahipun | tinimbanga kawan èwu ing pasisir | katone ingkang dinulu | kathah ngriki kirabing wong ||

19. prapta jodhangan sêlur | ing wanci wus ngajêngakên bêdhug | wontên jodhang sèkêt wus kinèn umiring | ing Prambanan badhenipun | kèndêl dhaharan ing kono ||

20. lajêng katri wong agung | praptèng Prambanan lêrêm sadarum | lajêng sami dhaharan Suryanagari | anuli wisan rumuhun | mring Danawarsa lingnya lon ||

21. inggih Kakang Tumênggung | kapasang yogya angiras laku | dhèrèkakên dhatêng Uwa Adipati | Kudanawarsa Tumênggung | sumaur barêng lan ingong ||

22. datan kawarnèng dalu | timbalanira wau sang prabu |

--- 41 ---

kadya mêthuk sami kinèn mêdal wingking | api-api alêlaku | angaku saking kinongkon ||

23. kathah para tumênggung | samya piniji kang bagus-bagus | wontên nyatus kalih bêlah kang umiring | kang munggèng turôngga ngayun | banderanira nyajodho ||

24. lajêng prasamya tumut | ngiring Kudanawarsa puniku | lan angiring Suryanagara Dipati | ing marga datan winuwus | paminggir nagara katong ||

25. anggabag kang wisma gung | kang jinujug ing pakuwonipun | Adipati Pugêr sigra marentahi | wetane pakuwonipun | Ki Tumênggung Gajahbarong ||

26. suwung duk kalih dalu | dhatêng Pagêlèn pan kesah bantu | sampun katur sang nata wau kang prapti | kinèndêlakên sadalu | lan Pugêr kangên patêmon ||

27. bawa-rasa sadalu | tutur-tinutur pratingkahipun | samya ngungun-ngungune sadaya sami | duk anèng Batawinipun | lami kinarya gêlojo ||

28. enjing binakta sampun | seba maring risang mantri ngayun | Jêng Pangeran Dipati Mangkunagari | nuju samya ngabên sawung | nèng pasowan ngajêng regol ||

29. korine tundha têlu | longkanging kori anyamut-nyamut | salawange nênêm pasebane sami | kêbak gêgaman prang pupuh | miwah sagunge panganggo ||

30. Mangunonêng [Mangu...]

--- 42 ---

[...nonêng] gya laju | marang pangeran arsa angujung | nanging pangran datan arsa dèn ujungi | wus tata dènira lungguh | kang samya nêmoni dhayoh ||

31. saking wadhaging laku | Mangunonêng alajêng umatur | dhuh pangeran prapta kawula puniki | dhatêng Kumpêni angapus | sinung karya kula sagoh ||

32. bêndara batin ulun | mung amrih luwar saking ing kukum | botên sêja sumungkêm dhatêng Kumpêni | ywa kongsi kabanjur-banjur | gèn kula dados galojo ||

33. samangke badan ulun | amung sêtya sumungkêm nrus kalbu | mring paduka tuwin rama paduka ji | pêjah gêsang ulun katur | tan darbe paningal mangro ||

34. pangeran lon sumaur | lah pintên banggi paman ing atur | bok dhinahar ing kangjêng sri narapati | miwah kônca kang biyantu | ing atur dhatêng sang katong ||

35. nging paman kula tutur | ratu kula ing wêwatakipun | luput pisan kêna pisan ing prakawis | saking ambêg lurus têrus | botên watak mirang-mirong ||

36. sabda kang wus kawêtu | rinungkêban nadyan dadi bubuk | Mangunonêng miyarsa tyasira alit | wantu lèrès manahipun | dadya datan bisa golong ||

37. angetan lan angidul | pangeran malih ngandika arum | benjing enjing kula matur ing sang aji | bok pinarêng bêgjanipun |

--- 43 ---

tinarima ing sang katong ||

38. wanci pukul sapuluh | pangeran sigra dènnya mêmundhut | pira-pira sêsaosan kang umijil | dhahar lan para tumênggung | akaton guyup gumolong ||

39. lajêng pra sami nginum | lajêng umêdal talèdhèkipun | Mangunonêng ngaturkên talèdhèk kalih | Anyaran ing asalipun | saking pasisir bang kulon ||

40. angrêrangin karungu | gamêlanira kêplok gumuruh | rame sênggak sagung ingkang pra bupati | bubarira wanci surup | Mangunonêng amakuwon ||

41. laju ngupaya sawung | kêmiri pêksi gêmak ingadu | pra punggawa Mataram kèh kang ngasungi | dadya sukane kalangkung | ing sabên dalu among toh ||

42. asuka-suka nutug | lali dosane yèn tumpuk sungsun | apan uwis dadi gantungane pati | ngandêlkên prasêtyanipun | kang sampun kapungkur adoh ||

43. pangran wêlas andulu | dadya umatur ing rama prabu | nyuwunakên Mangunonêng uripnèki | kang rama andikanipun | hèh kulup aja mangkono ||

44. iya ing sêdyaningsun | sun uripi nanging sun angrungu | timbalane iya ramakamu swargi | dêstun têmên arêp wêruh | tyase Mangunonêng ingong ||

45. kaya pa rupanipun | dene kaliwat piyangkuhipun | nora

--- 44 ---

kongsi kalakon sang nata nguning | iya wus kasêlak surut | mêngko pinarêng kalakon ||

46. nglêstarèkakên ingsun | ing kadang tuwa pratignyanipun | lan kang Pugêr bangêt ture marang mami | yèn nguripana wong iku | nêng bumi akarya kêthoh ||

47. pangeran nêmbah matur | inggih wontên tiyang ingkang tutur | Wilatikta Tumênggung Blora nagari | ing saguthit-guthitipun | Mangunonêng yêkti awon ||

48. ngandika sang aprabu | ing besuk Sênèn iku sun lampus | sigra nêmbah Pangeran Mangkunagari | wus mêdal saking kadhatun | amangsit mantrine jêro ||

49. prapta sêmayanipun | dintên malêm Sênèn gya pinikut | Mangunonêng balane wus dèn awêri | miwah rajabrananipun | cinacah ing têmbang sinom ||

61. Sinom

1. anuju ing dina Soma | sri naranata tinangkil | aglar ingkang pra bupatya | satriya myang para mantri | jêjêl ing pôncaniti | wau kangjêng sang aprabu | munggèng amparan dênta | sayid kalih munggèng kering | ngadhêp nata Yusup lan Ngabdulrahêman ||

2. sri narendra angandika | iya kulup adipati | lalaran sira saosna | sandika pangran wotsari | nolih ngetan ngêjèpi | ing lêlurah Martalulut | ngladosakên lalaran | wau kangjêng sri bupati |

--- 45 ---

mundhut pêdhang ampilan ngasta piyambak ||

3. Mangunonêng gya tinuwak | ing pêdhang sampun ngêmasi | jêng sri mulki angandika | iya kulup adipati | Si Mangunonêng iki | dosane ngorakkên ratu | majanani nagara | angracut saraking nabi | duk Pacina ing tingkah sawênang-wênang ||

4. wus angrasa nora nana | taliti Rajèng Matawis | ing solah tanaganira | tan patut tinon ing janmi | lir rabussamawati | lali yèn dadine uyuh | mêngko kang duwe gugat | ana ingkang anungkuli | berat marang gêgêlah rêgêding jagad ||

5. awit dene wus mupakat | Mangunonêng ukum pati | tur sêmbah wau kang putra | Pangeran Mangkunagari | nolèh ing pra bupati | sadaya asaur manuk | dene tilaranira | Pugêr ingkang dèn pasrahi | mung wanudya juga panêmbang badhaya ||

6. pinundhut marang narendra | nama Nyai Manarêsmi | wus misuwur sanagara | yèn Mangunonêng ngêmasi | warta praptèng Samawis | kapiyarsa idlir sampun | dahat pangungunira | utusan marang Batawi | tur uninga ing tuwan gurnadur jendral ||

7. yèn Mangunonêng lampahnya | dinuta dening Kumpêni | kacêthikan wus kinarya | lunas ana ing Matawis | nêngna kang sampun lalis | idêlir malih

--- 46 ---

winuwus | samana atur sêrat | ing Kangjêng Prabu Taruni | bupatine wong sèwu lan numbakanyar ||

8. Dyan Tumênggung Ônggawôngsa | miwah Cakrajaya nami | kasuwun dèn wêdalêna | dhatêng Pagêlèn anuli | ambêktaa Kumpêni | ing Pagêlèn kinon ngrêbut | sawusnya tampi sêrat | wau kangjêng sri bupati | animbali Ônggawôngsa Cakrajaya ||

9. dhawuh dalêm sri narendra | hèh sira bupati kalih | sun duta anglurugana | kraman nèng Pagêlèn nagri | mêtua ing Samawis | ngatas saparentahipun | bapa idlir Samarang | sandika bupati kalih | mêdal saking pura amundhi nawala ||

10. lajêng mring loji wus panggya | oprup Totlomondo angling | bapak mangkat besuk apa | nganggo mêtu ing Samawis | Ônggawôngsa mangsuli | iya tuwan sesuk esuk | Totlomondo manabda | aku iya kirim tulis | layang iku pratela anunggal karsa ||

11. lawan ijoane bapak | sayêkti bapak ngawruhi | kahanane Surakarta | tan ana wong bisa bukti | dhinêsêk kanan kering | pinêpêtan dening mungsuh | tan ana bisa nôngga | repot panganing Kumpêni | kang pêparing amung kangjêng sri pamasa ||

12. lamun nora tinulunga | saka karsaning Kumpêni | sajroning taun punika | sayêkti [sayê...]

--- 47 ---

[...kti] wong cilik atis | apa kang dèn ratoni | tan ana manusanipun | sapa kang nanggi karya | ing raja miwah Kumpêni | apa iya gawe ratu siya-siya ||

13. bupati kalih pamitan | ambêkta sêrat kêkalih | srate oprup lan sang nata | sapraptaning wisma sami | ngundhangi para mantri | numbakanyar lawan sèwu | kêrig saanak rayat | pra Mantri Pagêlèn sami | nora nana kang arangkêp bêbêdira ||

14. ing Sêtu Wage umangkat | salawe Rabingulakir | masih nunggil taunira | jumênêng dalêm sang aji | ing marga tan winarni | tigang dalu praptanipun | nagari ing Samarang | lawan idêlir wus panggih | têtabeyan surat kalih gya tinampan ||

15. wus winaos ingurmatan | mariyêm mawanti-wanti | idlir alon wuwusira | sudara bupati kalih | ngantia limang bêngi | kula nimbali rumuhun | kanthine saudara | Tuwan Potêr Bayalali | lawan gawa soldhadhune tigang dasa ||

16. sami kumêpyur tyasira | wau bupati kêkalih | Ônggawôngsa Cakrajaya | têmbungnya manis aririh | tuwan kalamun kenging | kawula adarbe atur | Kumpêni tigang dasa | punika inggih manawi | kêkathahên ing lampah dèrèng kantên ||Kurang satu suku kata: kêkathahên ing lampah dèrèng kantênan.

17. têmah manawi kapiran | inggih

--- 48 ---

têdhaning Kumpêni | sabab Pagêlèn sadaya | wus kêni dhatêng Matawis | pinartiga samangkin | kang darbe pangeranipun | sami wismèng Mataram | kang têngga Pagêlèn inggih | amung kêdhik para mantri pêpacêkan ||

18. yèn sampun kantênan wawrat | prange wong Pagêlèn benjing | kula anuntên kengkenan | minta bantu ing Kumpêni | kalangkung pêrlu mangkin | prayogi tuwan akintun | sêrat mring sudaranta | Bupati Banyumas pinrih | angatêrna dhatêng ing lampah kawula ||

19. idlir mèsêm wuwusira | inggih sudara prayogi | lawan Bupati Banyumas | sampun ambêkta Kumpêni | katiga kopralnèki | pangagênge Kopral Jakup | sudara pênêt bêkta | katiga tumênggung siji | dadya nênêm soldhat sarean satunggal ||

20. namung ing têmbe kewala | kalamun bantu prajurit | kula akintun Sareyan | Potêr ingkang anindhihi | idêlir marentahi | Sareyan Rèke tinuduh | nênêm soldhadhunira | sêrat sampun dèn tampani | ingkang dhawuh maring Bupati Banyumas ||

21. wus mangkat saking Samarang | wau bupati kêkalih | Ônggawôngsa Cakrajaya | Sareyan Rèke tan kari | nênêm soldhadhunèki | kapitu Sareyanipun | kang dadya tindhihira | rêrêp anèng [a...]

--- 49 ---

[...nèng] Lèpèntangi | enjing budhal ing Walêri kèndêlira ||

22. ênjing budhal kajawahan | rêmbên lampahing Kumpêni | dhinaratakên kewala | wau bupati kêkalih | tan sagêd sung turanggi | langkung repot lampahipun | sapraptanirèng Batang | gènira kèndêl sawêngi | enjing mangkat kèndêl nagri Pakalongan ||

23. Adipati Jayaningrat | kang ngandhêg ing kalih ratri | badhe anyaosi tundhan | lawan amrênahkên margi | kang bênêr enggal prapti | ing Pakalongan mangidul | jog Têrsana têmpuran | angilèn ngidul jognèki | ing Lêlêdhok lajêng prapta ênggènira ||

24. Bupati nagri Banyumas | wau dènnya pacak baris | wontên Sigaluh samana | tapêl watêsing kang bumi | Banyumas kang nagari | Watês kang wetan Sigaluh | wus dadya rêmbagira | anut bupati kêkalih | ing rêmbage Adipati Jayaningrat ||

25. sinung pakuwon pinarnah | wau wong agung kêkalih | sajawine paregolan | ing paseban kanan kering | Kumpêni dèn paringi | jroning paregolanipun | langkung sinuba-suba | dening Radyan Adipati | Jayaningrat sagung ing têtamunira ||

26. sadalu nutug kasukan | badhayan sang adipati | ngrêrangin punang gamêlan | bubarira pukul katri |

--- 50 ---

enjing malih winarni | pukul satêngah sapuluh | tamu samya ngaturan | Sareyan Rèke wus prapti | sêsaosan wus aglar badhe dhaharan ||

27. Dyan Tumênggung Cakrajaya | wus prapta atata linggih | Dyan Tumênggung Ônggawôngsa | pamit apawadan sakit | kinèn mêksa mindhoni | dipati parentahipun | warahên binêtahna | ingsun antèni abukti | mêksa mopo Dyan Tumênggung Ônggawôngsa ||

28. katur ing pamoponira | duk miyarsa sang dipati | jaja bang rah sumarambah | mawinga-winga mawêngis | kocak tirah ing lathi | angada-ada kumêdut | ngadêg suraning driya | angandika marang cèthi | jupukêna kêris ingsun Si Gupita ||

29. kang garwa kagyat ana pa | mundhut Si Gupita iki | sêntanane tinimbalan | para ipe sami prapti | dhuwunge sampun prapti | ningsêti paningsêtipun | angling marang Sareyan | Rèke undangên pribadi | lara apa ing mau ratri kasukan ||

30. apan iku lara awat | gêdhèkkên piyangkuhnèki | dumèh punggawaning raja | mangan dadak dèn timbali | yèn ora dèn aturi | rampadan ing sabên esuk | apa lali yèn ingwang | dudu dêlês wong pasisir | Si Supama iya trah Rajèng Mataram ||

31. kang nothoki dhase [dha...]

--- 51 ---

[...se] padha | kakèkne buyute dhingin | Sareyan Rèke uninga | dahat bênduning dipati | mêdal ing pondhoknèki | angrapu Radyan Tumênggung | Ônggawôngsa gya mara | wus kapanggih lan dipati | sru ngandika Adipati Jayaningrat ||

32. hèh Tumênggung Ônggawôngsa | mamak langar sun arani | jampêng ingsun iki apa | iya wêwêton pasisir | dudu trahing Matawis | dene mêngkono angkuhmu | ingong ko kira-kira | cêcêdhis kaya sirèki | iya dudu anake Natakusuma ||

33. sawusira nguman-uman | wau sira Sang Dipati | Jayaningrat sigra nyandhak | cowèk sambêlan nèng ngarsi | langkung dènira runtik | cowèk ginutukkên gupuh | maring Dyan Ônggawôngsa | kêni alise kang kering | dyan tumênggung panggah tan sêgu tan obah ||

34. Dyan Dipati Jayaningrat | sigra dènira nyumbari | payo kene Ônggawôngsa | angayoni Parikêsit | mèh tindak sang dipati | anyêkêl ukiranipun | kang garwa sigra nyandhak | Sareyan Rèke marani | angrêrêpa langkung manis aturira ||

35. jangan tuwan kêras gusar | Ônggawôngsa orang kêcil | tuwan trah Rajèng Mataram | lah mêmbri ampunan baik | Rèke wacana aris | mring Cakrajaya Tumênggung |

--- 52 ---

marilah Cakrajaya | Ônggawôngsa ajak pigi | jangan sampe kliatan tuwan dipatya ||

36. Ônggawôngsa ngajak mêdal | Cakrajaya kang umiring | ngaso mring pakuwonira | tan adangu samya prapti | para ipe dipati | amanggihi kang binêndu | muwus aparikêna | yèn èstua dados galih | amradata Dyan Tumênggung Ônggawôngsa ||

37. sayêktine sang dipatya | labuh rêrêmpon nagari | dadia bubuk tinêmah | nagri Pakalongan iki | santana labuh pati | langkung saking kawan atus | wadyane kang cinêlak | sayêktine milu mati | wolung atus malah kapara langkunga ||

38. Rèke tansah angrêrêpa | ture marang sang dipati | mugi tuwan ngapuntêna | Gawôngsa gène tan prapti | punika datan saking | ngandêlkên punggawèng ratu | Sang Prabu Surakarta | dumèh bupati nagari | andhirèkkên dhatêng ing sariranira ||

39. miwah lamun angrasaa | lingsêm paduka timbali | sayêkti dede punika | inggih ingkang dados galih | kula purun nanggoni | ing warta watêkanipun | Tumênggung Ônggawôngsa | wantu wong lagya prihatin | sugih manah sawêg kêkathahên susah ||

40. sanès kalih Cakrajaya | ayêman tan sugih pikir | mila tan mawi suwala | Ônggawôngsa tyase [tya...]

--- 53 ---

[...se] mintir | mudhêng dhatêng prakawis | sajroning dadi tumênggung | sangêt ing kamlaratan | wiwit Pangran Mangkubumi | nèng Mataram sakancane kirang pangan ||

41. miwah dandosaning aprang | lênggahe Pagêlèn mangkin | têlas wus kenging ing mêngsah | kadugi yèn pintên banggi | sagêda angantuki | narupkên santananipun | dadya putêking manah | badan lungkrah têmah sakit | mung punika datan wontên liyanira ||

42. mila mung ngapuntên tuwan | sang dipati duk miyarsi | lêga tyasira wus lêjar | sirna sak sêriking galih | mangsuli sang dipati | saka liwat niyat ingsun | nanging antêpên uga | nêdya ala apa bêcik | marang ingsun apa sêdyane sun sarah ||

43. Dyan Tumênggung Cakrajaya | lan Sareyan Rèke sami | mituruti Ônggawôngsa | ing tyas wus samya pinanggih | linabuh ingkang lali | lêluput padha rinacut | eling aja karasa | kang kari pinacak bêcik | wus pinulih luwih malih saking lama ||

44. wus rêmbag ing angkatira | dyan dipati anyangoni | bupati kêkalihira | dalah sapanèwu mantri | rongatus reyal ringgit | sawijine kang tumênggung | Kumêndhan Rèke uga | sinangon rongatus ringgit | sami ngalêm lomane langkung narima ||

45. Kumpêni sinungan tundhan | sarta [sar...]

--- 54 ---

[...ta] mantri tuduh margi | mangkat saking Pakalongan | angidul bênêr saari | minggah ing ardi rumpil | Pakalongan kidulipun | anjog ing tanah Banjar | sipêng sadalu anuli | enjingipun prapta pamrêdèn nagara ||

46. lajêng prapta pabarisan | Sigaluh ênggèning baris | Tumênggung Yudanagara | urmat mêthukkên ing jawi | asêsalaman sami | lawan kêkalih tumênggung | tabean lan Sareyan | kinanthi manjingirèki | pamondhokan wus samya tata alênggah ||

47. Sareyan Rèke asigra | anampèkakên kintèki | saking Idêlir Samarang | tinampan tinupiksa glis | kadriya punang tulis | Yudanagara amuwus | kula aminta inah | inggih sapêkên puniki | kula ngêrig wong batur kang wontên desa ||

48. punika idlir parentah | ngatêrna pun kakang kalih | kondur mring Pagêlèn praja | nauri bupati kalih | kula punika yayi | sumôngga ing karsanipun | angantosi sawulan | tan darbe bawa wak mami | sakarsane yayi mung anut kewala ||

49. lagya angsal tigang dina | nuntên wontên surat prapti | kang saking Idlir Samarang | yèn Sareyan Rèke mungkin | winisudha Kumpêni | pangkat kumêndhaning laku | Jakup minggah Sareyan | kang wontên Toyamas lami | kinumpulkên [kinu...]

--- 55 ---

[...mpulkên] dadya Kumpêni sadaya ||

50. kalawan Kumpêni Islam | salawe kang lagya prapti | sawusnya praptèng samaya | budhale bupati katri | ing Panjêr Ngayah Pasir | Banjar Mardèn Dhayaluhur | prasamya urun bala | banderane warni-warni | wadya gêlêng barise lampah pocungan ||

62. Pocung

1. anèng ngarsa mantri numbakanyar sèwu | Kumpêni ing têngah | dene kang munggèng ing wuri | sakancane Tumênggung Yudanagara ||

2. baris agung wus angancik Kaliwungu | nulya jog ing Roma | tan ana ingkang ngawali | para mantri balane para pangeran ||

3. samya mirut tan ana ingkang amêthuk | mung atur uninga | gustine wontên Matawis | wong Pagêlèn kathah wisma Kabanaran ||

4. lampahipun ing Pagêlèn sampun rawuh | baris Jampi Salam | tigang dalu lajêng malih | wus angetan prapta dhusun Jagabaya ||

5. ing Banyumas Yudanagara Tumênggung | kondur mring Toyamas | Kumêndhan Rèke kang kari | dyan tumênggung kalih tata pabitingan ||

6. Dyan Tumênggung Ônggawôngsa ingkang kidul | kang lèr Cakrajaya | sawadyane kang ngênggèni | Kumpênine tumut kidul ênggènira ||

7. wus angumpul mantri numbakanyar sèwu | sami mêntas susah | musakat [musaka...]

--- 56 ---

[...t] anèng nagari | mangke sami asrêp cêlak desanira ||

8. dhusunipun pinggir lèpèn ginalugu | dene kalataka | pinasang rinakit nginggil | wus santosa kumpule arahan kathah ||

9. dandanan gung polatan ing luhuripun | wau kang atêngga | Pagêlèn wus pacak baris | kawuwusa idêlir nagri Samarang ||

10. karsanipun angawaki ing prang pupuh | arsa nyirnakêna | mungsuh jroning taun Alip | pan angêrig sagung prajurit Madura ||

11. duk puniku panêmbahan datan rawuh | kapambêngan gêrah | dadya amung atur sulih | pêpatihe Mas Riya Môncanagara ||

12. gangsal èwu cacahe prajuritipun | tindhih pra santana | kang sami wantêr ing jurit | aran Radèn Apanji Dipanagara ||

13. kang pinangku tumbaking prajuritipun | benang kapurancak | tumpêr ingas lan bung pacing | sisih Radèn Apanji Sumanagara ||

14. Malihipun Panji Suranata bagus | ingkang winêngkonan | tumbak sulam lan gêrandim | ana wêrgu endhe Têlorong lan Kantar ||

15. kawan atus saragêni krêbinipun | de têtindhihira | aran Panji Kartasari | Kartayuda pulunannya panêmbahan ||

16. ênêm atus sragêni bayonètipun | pra ipe têtiga | ingkang samya anindhihi |

--- 57 ---

sêsêpuhe Apanji Purwadipura ||

17. praptanipun Samarang prajurit agung | idlir paparentah | Mayor Kèngsêr Senapati | kawan atus Walônda kang tinindhihan ||

18. kalih atus kathahing drahgundêripun | kalih atus dharat | wolung atus Bugis Bali | pra bupati pasisir ingkang lumampah ||

19. Dêmak Kudus Batang Kêndhal Kaliwungu | wus samakta budhal | idêlir saking Samawis | bêkta mriyêm sakawan tiktak sakawan ||

20. ari Sabtu lampahe gêgaman agung | kadya wukir kobar | prajurit mawarni-warni | anglir alun gumulung agêgolongan ||

21. munggèng ngayun wong Madura lampahipun | kèndêl ing Ungaran | saratri enjing lumaris | nulya lêrêm malih anèng Salatiga ||

22. lajêngipun nèng Bayalali sadalu | wontên dutanira | Rôngga Bupati Samawis | akêkintun mring Sang Prabu Kabanaran ||

23. lampahipun awor lawan baris agung | duk saking Samarang | badhe nyimpang Bayalali | kawênangan bature Aryèndranata ||

24. sêratipun myang obat mimis sapikul | pan sampun inganggrak | idlir bêndune tan sipi | Mayor Kèngsêr pinasrahan pangawasa ||

25. kinèn laju kèndêl Toyadana dhusun | aja [a...]

--- 58 ---

[...ja] lunga-lunga | besuk angêntèni mami | jêjaganga sira anèng Banyudana ||

26. iya lamun sira tinêkanan mungsuh | aja na pêpeka | abot prange Mangkubumi | wus cinêkêl wau dutane Dyan Rôngga ||

27. idlir wangsul mring Samarang baris laju | praptèng Banyudana | prajurit Madura wiwit | angrêrayah ngobong-obongi padesan ||

28. barisipun tinata pakuwonipun | pring gêdhèg kinarya | kêkayon kang dèn têgori | rêrakite pra sami cinara jagang ||

29. kunêng wau kang para mantri pangayun | samya tur uninga | maring Kabanaran nagri | lamun wontên mêngsah agêng Banyudana ||

30. tindhih idlir ambêkta Walandi sèwu | kaduk loking warta | yêktine gunggung prajurit | Bugis Bali Lônda Jawa myang Madura ||

31. pitung èwu aliya sêsikêpipun | pra panji Madura | kang ngrêmbat ngiras prajurit | dadya lawan sikêp gunggunge salêksa ||

32. karsanipun sri narendra arsa mêthuk | wus gilig sadaya | santana lan pra bupati | amung kantun amanah rakiting gêlar ||

33. sang aprabu pangandikanira arum | paran rêmbugira | kulup lan kakang dipati | gêlar apa iku kang pantês kanggoa ||

34. yèn sirèku nganggo dumuk angun-angun | sagung mungsuhira | Kumpêni [Ku...]

--- 59 ---

[...mpêni] apacak biting | tan pakolèh lamun gêlara candrasa ||

35. iya lamun agêlara Gajahbangun | saya tan prayoga | yèn kinarya kagapati | miwah braja tikswa lungit tan prayoga ||

36. nêmbah matur pangran mung anut sadhawuh | sumôngga ing karsa | kawula darmi nglampahi | Kakang Pugêr paran baya budinira ||

37. Pugêr matur lamun sumawi pukulun | inggih pinartiga | dhadha pangawate kalih | adarbea inggih gêlar sowang-sowang ||

38. kiwanipun nganggea côndrasa patut | kang têngên punika | anganggea kagapati | ingkang dhadha angangge êmprit anêba ||

39. watêkipun ingkang côndrasa atêpung | kadya grudha nglayang | kagapati kêpung ugi | sri narendra pinuju mangayubagya ||

40. sira kulup anaa têngên ênggonmu | dadia wak-awak | kang Pugêr sabêtirèki | akanthia Dipati Suryanagara ||

41. lan wong Warung Balora ingkang pinangku | dene ingkang kiwa | Dhimas Pangran Singasari | sabêtira Dhimas Pangran Purubaya ||

42. Si Tumênggung Jagapura rowangipun | lan Jayanagara | Si Mangkudiningrat sami | anunggala milua gêlar côndrasa ||

43. iya kulup Kudanawarsa Tumênggung | ana kiwanira |

--- 60 ---

pakolèhe cakêt mami | sun jagani bok Kuwur pêpangkonira ||

44. dadya ingsun nora adoh atêtulung | bisa kobêr nata | rusake pêpangkon mami | ana dene Kakang Mas Adiwijaya ||

45. wuriningsun pangungsèning wong kang lêsu | lawan anyandhinga | jun gênthong kang isi warih | awit kulon Ngasêm kaline tan ana ||

46. têngên iku kaline Pepe wus cukup | pangawat kang kiwa | pan iya kaline Pêngging | dèn prayitna mungsuhmu padha prawira ||

47. wit mungsuhmu wong Madura luwih sèwu | warta pitung nambang | sapa kêlar anadhahi | lamun ora lawan pitulunging Suksma ||

48. iku durung ngetung prajurite Jagul | lawan wong Walônda | Bugis Makasar myang Bali | pra bupati pasisir mèh kêkêrigan ||

49. iya kulup sira budhala rumuhun | lan sawadyanira | dadya lumaku sarênti | barêng Kakang Pugêr myang Suryanagara ||

50. dèn lumintu budhal saking alun-alun | Dhimas Mangkusuma | miwah Kakang Mas Suryadi | angulona ing Pagêlèn padhangêna ||

51. ingkang kukuh ywa keguh katêkan mungsuh | lamun padha Jawa | awit dene mungsuh iki | ingkang gêdhe wus golong nèng Banyudana ||

52. dadi iku katri Bupati ing Kêdhu | Kakang Mangkupraja |

--- 61 ---

Kartayuda lawan malih | Si Tumênggung Wiraguna ingsun gawa ||

53. rêmbag rampung kondur ngadhaton sang prabu | sagung pra dipatya | santana bubaran sami | samya tata samaktaning magut yuda ||

54. wadya agung enjing baris ngalun-alun | atarab balabar | sawusnya miyos sang aji | pra wong agung angabêkti lajêng budhal ||

55. barisipun apindha wana wun-awun | têtêk asauran | gong bèri bêndhe tinitir | warna-warna busanane wadyabala ||

56. ana wungu irêng abang kuning dadu | abra amarkata | lir pendah kang wukir sari | panganjure Dipati Suryanagara ||

57. pêndhak esuk budhal Pangran Singasantun | Pangran Purubaya | miwah sagung pra bupati | panganjure Tumênggung Jayanagara ||

58. kang rumuhun samya kèndêl ing Kalêpu | wau sang dipatya | Suryanagara wus rakit | sabalane pacak baris ing Drêsanan ||

59. duk puniku Mangkunagara wus rawuh | anèng desa Mudal | ngrakit pasanggrahan aji | pan kajujul bala ing wuri gung prapta ||

60. enjingipun budhal malih kang wadya gung | Pangran Purubaya | miwah sagung pra bupati | rêrêp Mudal cinatur kang anèng wuntat ||

61. sang aprabu jêngkar saking prajanipun | ngayap wadyabala | têtindhih kapat bupati | Jayadirja [Jaya...]

--- 62 ---

[...dirja] Dyan Rôngga Wirasêtika ||

62. tiganipun Dyan Wiradigda Tumênggung | kapat Môndaraka | dene bupati kang miji | datan têbih têdhak dalêm jêng sri nata ||

63. Dyan Tumênggung Wratmôngka myang Singaranu | Sindusastra lawan | Tumênggung Rêksanagari | kalimane Tumênggung Ranadiningrat ||

64. sang aprabu wusnya rawuh mêdal dhusun | mundhut palapuran | cacah wadyaning bupati | miwah wadyanira kang para pangeran ||

65. kêmpalipun kang wahana kuda gunggung | salêksa rongdhomas | kang dharat datanpa wilis | dene praboting yuda kang cinarita ||

66. cacahipun kang bandera kawan atus | langkung wolung dasa | bêndhe bèri tanpa wilis | Kodhokngorèk tiga Carabalèn sanga ||

67. tamburipun lawan suling kawan atus | têtêge sakawan | samana jêng sri bupati | wusnya tampi lapuran dahat tan nyana ||

68. inggih lamun samantên kèhe wadya gung | dadya analôngsa | suka sukur ing Hyang Widhi | gènya sampun tampi sih nugrahaning Hyang ||

69. ngandika rum mring Jayadirja Tumênggung | kalawan Dyan Rôngga | akèh wadyaningsun iki | lagi mêngko sun wêruh untabing bala ||

70. nanging ingsun tansah mêlang jroning kalbu | bêcike anyêngka | lan sinêngka

--- 63 ---

wong ajurit | sapa wêruh iya dadine ngayuda ||

71. yêkti lamun gumantung karsèng Hyang Agung | kawula mung darma | mangkana sri narapati | paparentah budhalan saking ing Mudal ||

72. kang panganjur nabrang Wanakarta sampun | gègèr Surakarta | pra sami angati-ati | kang lêlampah pangayap jog Sidawayah ||

73. kiwanipun pangawate misah sampun | siji ngilènira | anjog Têla wetan Pêngging | kadya ladhu prajurit ing Kabanaran ||

74. sang aprabu kèndêl makuwon Dêlanggu | kang putra Pangeran | Mangkunagara nèng Piji | Wanakarta jêjêl kanggenan gêgaman ||

75. dalunipun Kudanawarsa umatur | gusti yèn sambada | pun Paman Suryanagari | dèn aturna dhatêng rama padukendra ||

76. yèn panuju nyuwun sakawan tumênggung | môngka tindhih wadya | lintune Suryanagari | Singaranu Brajamusthi Brajadênta ||

77. kapatipun pun Jayadirja Tumênggung | awit jêng ramendra | karsa ngawaki ing benjing | aprang dharat anindhihi wadyabala ||

78. sakalangkung pun paman kuwatosipun | kumêdah rumêksa | anyêlaki sri bupati | akanthia Dyan Rôngga Wirasêtika ||

79. pangran rujuk Kudanawarsa ingutus | sowan ingkang rama | ing Dêlanggu praptèng wêngi |

--- 64 ---

tinimbalan laju ing ngarsa wotsêkar ||

80. dhuh pukulun putra dalêm aturipun | pun Suryanagara | pakaryanira ing benjing | sampun kongsi têbih lawan padukendra ||

81. lintunipun nuwun sakawan Tumênggung | Singaranu lawan | Brajadênta Brajamusthi | sakawane pun Tumênggung Jayadirja ||

82. sang aprabu mèsêm angandika arum | ya Kudanawarsa | ingsun kaledhon ing pikir | ing prang dharat pisah lan Suryanagara ||

83. sapa iku kang eling apa si kulup | matur Danawarsa | gusti kawula kang eling | mila matur dhatêng putra padukendra ||

84. sang aprabu gumujêng ngandika arum | ya Kudanawarsa | muliha sun wus marêngi | iya padha nuli sira prentahana ||

85. duk puniku Kudanawarsa Tumênggung | pinaring sang nata | kuluk bludru rendan adi | wus tinampan gya mundur agêgancangan ||

63. Durma

1. tan kawarna ing dalu wuwusên enjang | budhal têngara muni | baris kang pangarsa | kumrap tanpa wilangan | èngêt ing parentah sami | angambil papan | Kumpêni wus miyarsi ||

2. dalunipun pra bupati kalêmpakan | miwah kang para panji | prajurit Madura | sadaya samya prapta | Mayor Kèngsêr senapati | alon lingira | paran punika benjing ||

--- 65 ---

3. wus têtela Sang Aprabu Kabanaran | sampun wontên ing Piji | kêrig prajuritnya | punggawa pra santana | nêdya amukul ing benjing | angantêp ing prang | Susunan Mangkubumi ||

4. pra dipati ature kadi punapa | tuwan yèn ing ajurit | asor ungguling prang | botên kenging suminggah | Hyang Suksma ingkang darbèni | pra panji Sampang | mring mayor anauri ||

5. jangan susah tuwan mayor dhi atas prang | kalu orang Kumpêni | bêrtêmên Madura | kumpul bagini banyak | kêndhati dhitambah lagi | dhêlapan bêlas | sapêrti Mangkubumi ||

6. Mayor Kèngsêr paparentah tata wadya | miwah mariyêmnèki | pra panji Madura | matur jikalu tuwan | kasih idin besuk pagi | bala yang adha | dhi kidul kulon ini ||

7. saya pukul Bupati Kêndhal angucap | bênêr tuwan sayakti | yèn kongsi kanggenan | kidul kilèn punika | gih tuwan repot ing jurit | botên ambêkan | batur ingkang ajurit ||

8. Mayor Kèngsêr sigra dènnya paparentah | pra bupati pasisir | myang Kumpêni Islam | lor kulon Bumèn ana | mriyêm siji tiktak siji | ingsun watara | tan arsa Mangkubumi ||

9. pasthi wetan dalan gêdhe ênggènira | bala Madura benjing | kulon kidul wetan | pasthi ingkang [ing...]

--- 66 ---

[...kang] bubuhan | kalawan Kumpêni putih | têlu tiktaknya | mariyêm têlung iji ||

10. ngambil papan Pangeran Mangkunagara | ngalor ngilèn wus prapti | lan sawadyanira | miwah para bupatya | Sang Nata Ngasêm wus prapti | prênah ing dhadha | pangawat kanan kering ||

11. Pangran Arya Purbaya Mangkudiningrat | angidul ngilèn sami | tuwin pra bupatya | ingkang sami pinatah | Kumpêni sampun udani | yèn mungsuhira | parentah masang rakit ||

12. wus miranti Kumpêni miwah Madura | cinatur sri bupati | prajurit kang pêrak | pan tigang dasa gangsal | cacahe mantri pinilih | lan wolung dasa | Suranata prajurit ||

13. para mantri miwah ingkang para dêmang | wadya kaparak sami | pan sampun tinata | ing kiwa têngênira | Madura nêmlikur nunggil | ing ngarsa pisan | Suranata pinilih ||

14. ingkang rewa-rewa prajurit kaparak | têlase kang nambungi | saprajuritira | Rôngga Wirasêtika | têpung sungsun kang nambungi | Jayanagara | Janapura nambungi ||

15. sinambungan ing Pangeran Singasêkar | prajurit kang turanggi | têpung barisira | Pangran Mangkudiningrat | lan Pangran Purbaya kanthi | para bupatya | nênêm kang pra bupati ||

16. ingkang têngên barise wadya kaparak | ngencong lèr kilèn sami |

--- 67 ---

kang kiwa mangkana | sami pangencongira | kaparak ingkang prajurit | têngên têlasnya | nênggih kang anambungi ||

17. sawadyane Dipati Suryanagara | Danawarsa nêpungi | saprajuritira | lan Sura Mangunjaya | Pangeran Mangkunagari | wahana kuda | lan Pugêr Adipati ||

18. sakancane pêpitu para bupatya | prajurit kang turanggi | wau sri narendra | dangu pamawasira | nganan ngering wus prayogi | sigra têngara | Kodhokngorèk munya tri ||

19. Carabalèn Pangeran Mangkunagara | Pangeran Singasari | Carabalèn samya | gumuruh tamburira | barung têtêg bêndhe bèri | kukuk asurak | lir guntur sèwu wukir ||

20. mangsah dharat Dipati Suryanagara | kiwane animbangi | guntur ingkang gêlar | Rôngga Wirasêtika | dhêdhêg kang bala Kumpêni | miwah Madura | lanas Radèn Suwandi ||

21. sakancane wus samya angrampit jagang | sri narendra nimbangi | Dipati Janingrat | Pangran Adiwijaya | binêkta dharat pra sami | ririh lampahnya | sarêng campuh ing jurit ||

22. wus ingaban wadya Kumpêni umangsah | drèle mawanti-wanti | wong Madura giyak | Radèn Suryanagara | katulak pamukirèki | agulagêpan | nadhahi drèl Kumpêni ||

23. mundur

--- 68 ---

ririh Dipati Suryanagara | katulak pamuknèki | dènira miyarsa | nguwuh bala Madura | mring bature ing jro sami | bala Madura | wêtonana sun iki ||

24. sun Madura kabandhang kala prang Tidhar | kang jro nulya ngêtoni | Madura Mataram | amor ambalik samya | Suranata lan pinilih | kang tinumbakan | kuwur Sampange balik ||

25. rikatira Dipati Suryanagara | saking lèr anungkêbi | lan Kudanawarsa | ulêng lan wong Madura | rame rok asilih ungkih | rukêt arikat | Madura akèh mijil ||

26. prapta Pangran Dipati Mangkunagara | angilês ing turanggi | Madura kèh pêjah | bingung akuthetheran | wontên sawidak kang mati | sakarinira | samya malêbêt malih ||

27. nulya mriyêm sinungsun angrampit jagang | mundur akèh ngêmasi | kang kidul umangsah | Rôngga Wirasêtika | katulak mariyêm sami | kalawan tiktak | mundur anêbih malih ||

28. kuwur sami nyinggahi kang bêdhil tiktak | wong Madura winarni | Panji Kartayuda | rongatus sragêninya | panumbake Kartasari | caturtus samya | mangidul ngilèn sami ||

29. praptanira kidul kilèn Ganawêlang | panggih mungsuhirèki | prajurit turôngga | dhêndhêng lir pagêr jarak | kakalih kang payung

--- 69 ---

kuning | dupi umiyat | yèn wong Sampang mêdali ||

30. sarêng kukuk giyak nêmpuh ing rêrampak | pangeran anindhihi | wong Madura panggah | nora mingkêt sacêngkang | Panji Kartayuda anjrit | krêbin ingikal | udhêng binuwang siti ||

31. ingkang raka Radèn Panji Kartasêkar | uncal lawungirèki | panyêrote kêmba | Pangeran Purubaya | mundur mung bêdhil-binêdhil | wau Pangeran | Mangkudiningrat bali ||

32. saragêninira Pangran PurabayaPurubaya. | kêkalih ingkang mati | mantrine kang pêjah | Ngabèi Martapura | pangerane sami nêbih | mulat wong Sampang | panggah tan kêna kongkih ||

33. dadya kèndêl ajêng-ajêngan kewala | ngawêd sawadyanèki | Pangran Purubaya | Pangran Mangkudiningrat | tuwin ingkang pra bupati | balane ambyar | marga gêng dèn barisi ||

34. bok kaburu kang baris ing Banyudana | sami ciptanirèki | ngadhang kêkumbahan | kunêng malih winarna | yêkti lampahnya nyarêngi | gêntos kocapa | idlir praptèng Samawis ||

35. datan ngangge lêrêm alajêng kewala | Bupati ing Samawis | pinikut anulya | Rôngga Tisnawijaya | sinelong idêlir nuli | wangsul umangkat | maring barisan malih ||

36. praptanira Bayalali atêtanya | mring kumêndhan [ku...]

--- 70 ---

[...mêndhan] kang jagi | kumêndhan turira | mungsuh agêng kang prapta | sang nata têdhak pribadi | balane lêksan | kagyat idêlir aglis ||

37. mangkat kanthi kêkalih upas Walônda | upas Jawa kêkalih | samya kêkapalan | lan Arya êndranata | rencange amung kêkalih | uga jaranan | kumpul wor kang turanggi ||

38. nandêr jojog turangganira wus prapta | kilèn Bondalêm sami | mêngsah katingalan | ewon kang munggèng kuda | tan kandhêg dènnya lumaris | mungsuh tinêrak | kagyat prasamya nisih ||

39. pan kinira lamun bêbantu kang prapta | bala kèh anèng wuri | dangu tiningalan | kuda wolu balaka | ing wuri tan ana malih | arsa bujunga | idêlir sampun têbih ||

40. prapta loring Ngaru-aru kilènira | ing Ganawêlang desi | ningali Madura | nêmatus maksih aprang | dêlèr sakêdhap ngampiri | panggih tabean | lan Panji Kartasari ||

41. miwah maring Radyan Panji Kartayuda | idêlir têtanya ris | Mangkubumi prapta | iya ing ngêndi gènnya | matur Panji Kartasari | wontên ing wetan | ênggène Mangkubumi ||

42. mêngsah kula puniku ujaring warta | Pangran Purbaya kanthi | lan Mangkudiningrat | wetan pangeran kathah | idlir tabe mangkat malih | laju mangetan |

--- 71 ---

gènya lumampah ririh ||

43. prapta Banyudana nuju ramening prang | lèr wetan kilèn sami | samya bêbêdhilan | saking ing katêbihan | dangu lèrèn kang prajurit | upêsir upyak | lamun idêlir prapti ||

44. Mayor Kèngsêr têtabean udhunira | idlir saking turanggi | miwah pra bupatya | sadaya têtabean | wong Madura para panji | idêlir tanya | manggène sri bupati ||

45. wontên ingkang umatur nèng têngah marga | gènipun Mangkubumi | idlir sigra nyandhak | sêmprong-sinêmprong sigra | ngalèr ngidul ajêngnèki | ngunguning driya | dènira aningali ||

46. pandhêndhênge turôngga lir pagêr jarak | dharat angrèb ngêbêki | sêsawah padesan | gamêng tanpa wilangan | nulya ingundangan malih | lor kidul mangsah | jêjagang dipun rampit ||

47. ingkang têngên Adipati Martapura | kiwa lajêng nimbangi | gumuruh kang surak | tambur bèri wurahan | kukuk awor Carabali | ababarungan | Kumpêni angêdrèli ||

48. nanging saking salêbêt jagang kewala | dêlère angadhêpi | mêriyêm kang wetan | Mayor Kèngsêr kang nata | drahgundêre mobat-mabit | pangawat samya | kang mêngsah dèn mriyêmi ||

49. dhadhanipun Sri Bupati Kabanaran | kèndêl mung marentahi |

--- 72 ---

angabên pangawat | katon songsonge gilap | kêthap-kêthap munggèng kursi | dènnya pinarak | kang munggèng ngarsa kêdhik ||

50. prajurite angiwa nêngên kewala | wuri datanpa wilis | Dyan Jayanagara | pangawat kiwa nunjang | kidul wetan wus angrampit | ngidak angrangsang | wong Madura nadhahi ||

51. akèh lanas kancane Carang Cintaka | supe parentah sami | mêdal ting kareyap | pojoke kidul wetan | Jayanagara Matawis | ingkang ingambah | lajêng caruk mangungkih ||

52. kaduk purun akuwêl bêdhil binuwang | amung tumbak lawan kris | ulêng angrarêmpak | rame kang bôndayuda | idêlir duka tan sipi | mariyêmira | ngidul ngetan dèn nêngi ||

53. manawantuk Madura caruk wor ing prang | Carang Cintaka nênggih | rukêt lawan Lurah | Saragni Janagaran | buwang tumbak rukêt kêris | Carang Cintaka | pêjah anulya aglis ||

54. Janagara arsa anigas mastaka | pan sampun dèn kakahi | nulya praptanira | Panji Suranagara | rongatus sarênge mijil | ngamuk kotbuta | rusak wadya Matawis ||

55. saya agung prajurit Madura mêdal | dêlèr asru ngadhangi | tinêrak kewala | tan kêna sinayutan | mundur prajurit Matawis | kathah kang pêjah | Pangeran Singasari ||

--- 73 ---

56. atêtulung prasamya bala turôngga | kêndhosa sabêtnèki | ingamuk Madura | sawadyanira giwar | kang lèr Madura mêtoni | rukêt kalawan | Dipati Suryanagri ||

57. sigra prapta Pangeran Mangkunagara | nunjang ngilês turanggi | prajurit Madura | bingung akuthetheran | Dipati Suryanagari | tan kongsi rusak | akas sêsabêtnèki ||

58. undurira wadyane Suryanagara | mung têtiga kang lalis | lan mantri satunggal | Madura antuk rolas | kapêlak sêsabêtnèki | dadya undurnya | mundur arèrèh ririh ||

59. datan kadya kang kidul sêsabêtira | kêndho tan mikantuki | mila Janagara | undure karusakan | salawe wonge ngêmasi | mungsuh Madura | amung sanga kang mati ||

60. wau bala Madura ingkang lèr wetan | kang mêdali kèh mati | kêdhik ingkang gêsang | sami manjing bitingan | mariyêm samya nusuli | amung sakawan | tan kandhêg gêgirisi ||

61. saundure Pangeran Mangkunagara | Dyan Suryanagara glis | umatur pangeran | anggèr dene kinôntha | tan kêna pinaksèng jurit | mêngsah Madura | tan kêna ginagampil ||

62. ing ayuda tan angsal tangguhe pisan | wontên timbalan prapti | saking ingkang rama | inggih sapisan êngkas | kinèn ngumpulkên [ngumpu...]

--- 74 ---

[...lkên] prajurit | wau kang rama | badhe ngawaki malih ||

63. kinumpulkên prajurit ingkang kapisah | duk winêton rumiyin | dene wong Madura | palayune anêbah | Dipati Pugêr atêbih | nèng Sokawaya | saonjotan dohnèki ||

64. lan ing Banyudana Pugêr sawadyanya | lan sapanêkarnèki | kang para bupatya | nênggih môncanagara | ingundhangan ngumpul malih | Sang Adipatya | Pugêr lagya aguling ||

65. nèng gêgampèng pinggir kali Sokawaya | ngorok dènira guling | golèk impèn lagya | gandhèk kang undhang prapta | jrih mungu mring sang dipati | gandhèk agêlar | sigra ngunèkkên bêdhil ||

66. kagyat gugup dadya wungu sang dipatya | gandhèk umatur aris | paduka ngandikan | sri narendra umangsah | Pugêr alon dènira ngling | gandhèk matura | impènku ora bêcik ||

67. dudu dina iki dudu dina benjang | kalane mungsuh iki | pan kari sawulan | yèn uwis praptèng môngsa | nora nganggo dèn pêrangi | mungsuhe benjang | apan minggat pribadi ||

68. dèn balanga ing kalungsu bae minggat | gandhèk aturirèki | gih duka andika | kula ajrih matura | sang nata wus mangsah jurit | ngantos andika | kinèn sami ngêncêngi ||

--- 75 ---

69. adipati sigra nyêrat ing karopak | anèng luhur turanggi | mung ronglarik têlas | gandhèk sira aturna | tinampan gandhèk nulya glis | ambêkta sêrat | yata wau sang aji ||

70. ingkang wadya lor kidul kulon lan wetan | sarêng umangsah ngrampit | suraknya gumêrah | têtêk bèri sauran | tambur suling Carabali | ngangsahkên bala | lor kidul angêbyuki ||

71. sru gumuruh surak kang dharat turôngga | kumrap anunjang wani | Carabalèn umyang | bêndhe bèri sauran | tambure anggêgêtêri | kadya dhawuhan | bêdhah anggêgirisi ||

72. drèling mêngsah kadya gunturing prawata | mariyêm anungsuni | gumuruh suraknya | giyak bala Madura | bakuh tan nêdya ginggangi | kidul Bewakan | wus samya dèn obongi ||

73. wau prapta gandhèk kang ngaturkên surat | saking Pugêr Dipati | wusnya tinupiksa | sang nata mundhut kuda | nitih sarwi swarèng dasih | bocah mundura | wadya kang kanan kering ||

74. panyanane undure ratune kalah | samya lumayu ngisis | kèh tunjang-tinunjang | tan ana tolih kadang | lumayu kuwalik-walik | tan wruh ing warta | gumrubyuk rêbut dhingin ||

75. kathah tambur bandera ingkang tinilar | wong Madura kèh mijil | angambil bandhangan |

--- 76 ---

Pangran Mangkunagara | ngungun tan uningèng warti | balane sirna | mung mantri jro kang kèri ||

76. kuda kawan dasa ngidul lampahira | Madura kang mêtoni | kasusu lêbêtnya | sami bêkta bandhangan | suka wus malêbêt biting | wau Pangeran | Mangkunagara prapti ||

77. ing marga gêng dèn mariyêm saking wuntat | eca lumampah aris | mriyêm datan kêndhat | Pangran Mangkunagara | maksih rinêksa Hyang Widhi | mimis kaliwat | wonge tan ana kêni ||

78. maksih nambur Pangeran Mangkunagara | praptèng Ngasêm amanggih | tambur kang binuwang | tambure wong Mataram | miwah banderane kalih | kinèn ngambila | ing wadya ngasmarani ||

64. Asmaradana

1. samana kantun pribadi | Pangeran Mangkunagara | amung mantri jro balane | kang maksih dhèrèk gustinya | wadya kang kathah-kathah | prasamya mawur katawur | palayune tan karuwan ||

2. wadyabala kang lumaris | kang saking lèr salang-tunjang | gumrêdêg nusul gustine | kang saking pangawatira | dadya akadhungsangan | malêdug pendah wun-awun | kadya binujung ing mêngsah ||

3. ratune kèndêl nèng Piji | angantosi balanira | kang dadi pangawat kabèh | lawan ngantosi kang putra | Pangran Mangkunagara | kèndêlira sang aprabu | wus dangu

--- 77 ---

kang putra prapta ||

4. têdhak saking ing turanggi | Sri Bupati Kabanaran | Pangran Mangkunagarane | prapta ngaturkên bandera | tambur bêndhene wadya | kang tinilar nèng marga gung | gawane wadya Mataram ||

5. lingsêm kang para bupati | kang darbe tambur bandera | pangeran ngakak gujênge | mungsuh dèn arani mêlak | banderane binuwang | mungsuhe tan ana mungup | palayune kadhungsangan ||

6. nulya arêmbagan sami | sri bupati angandika | kulup karia ing kene | angrêksaa tanah Pajang | ingsun arsa yun mulat | angatêr pamanirèku | Pangeran Arya Purbaya ||

7. Mangkukusuma tur uning | kasêsêr gonira yuda | amungsuh lan wong Pagêlèn | dene Si Jaga Ulatan | lamun Kêdhu dèn ambah | ana mungsuh têka Kêdhu | bupati sira parakna ||

8. Pamanira Si Dipati | Suryanagara kalawan | Mandraka Wiradigdane | Bupati Kêdhu bandhangan | têtêpa Kabanaran | sakaliwon mantrinipun | aja owah gone wisma ||

9. dene mungsuh idlir iki | yèn nêdya mukul Mataram | rêriwukên buri bae | sun tadhahane ing ngarsa | Yayi Mas Singasêkar | iya tunggala sirèku | milu tunggu tanah Pajang ||

10. Kakang Pugêr dika mulih | bupati môncanagara | kakang dika

--- 78 ---

gawa kabèh | Si Dipati Suranata | pasisir ulihêna | kêncêngana Pathi Kudus | Juwana Lasêm lan Tuban ||

11. Jadirja Rôngga sirèki | kinthilên uwong Madura | bocah saêlèring Pepe | lawan bumi Samarangan | jambakên saking wuntat | yèn baris Kumpêni maju | gitik Si Mangkunagara ||

12. nuli jambakên ing wuri | tarunga lèrès kewala | nora lawas lakuningong | nabrang sa-Kulonparaga | têlas andika nata | sami sandika turipun | sarêng dènira budhalan ||

13. sri bupati mring Matawis | Pangeran Mangkunagara | mingsêr Barambang barise | wetaning Sanggung punika | Dipati Pugêr sigra | angalèr sakancanipun | badhe pasisir lampahnya ||

14. Rôngga Jayadirja kanthi | gubêt angilèn lampahnya | nèng Nglangkap pacak barise | Tingkir lawan Salatiga | myang kiwa têngênira | ing Bayalali wus suyut | idêlir gantya kinôndha ||

15. majêng barise nèng Piji | arsa mukul ing Mataram | ing Jabung pacak barise | Sri Bupati Surakarta | jêngkar saking ing praja | têdhak marang Piji dhusun | manggihi Idlir Samarang ||

16. rawuh dalêm anèng Piji | pinêthuk ing baris urmat | Kumpêni lan Madurane | idlir mêdal jawinira | jagang ing baris panggya |

--- 79 ---

têdhak sing kuda sang prabu | gapyuk lajêng têtabean ||

17. ngaturan mring pakuwoning | idlir wusnya tata lênggah | bupati lan Madurane | prajanji ngujung sang nata | sri pamasa ngandika | bapa kula asung wêruh | Paman Pangran Buminata ||

18. kula pracayakkên mangkin | dhatêng Kumpêni kanthinya | kalih bupati lirune | ingkang kabandhang ing mêngsah | Tumênggung Wiraguna | Mangkupraja kalihipun | katigane Natayuda ||

19. Bupati Panumping Bumi | dene namane kang anyar | inggih kula sami mawon | kalih ingkang ginêntenan | mung bupati sajuga | Bumija maksih gumantung | bapa kula dèrèng angsal ||

20. têtiyang ingkang prayogi | kang nindakakên pakaryan | bupati gih kaliwone | idêlir lon aturira | inggih sarèh kewala | kula ngupados rumuhun | wadanane wong Bumija ||

21. têtiyang ingkang prayogi | ingkang kêndêl magut yuda | sri bupati andikane | lan malihipun pun Paman | Dipati Buminata | puniku adarbe atur | kathah antuke sêmayan ||

22. bupatine mungsuh sami | lamun bapa parentaha | angajêngakên barise | Têmbêlang Pokak ing Gondhang | samayane kang mêngsah | prasamya prapta atundhuk | dhatêng Paman Buminata ||

--- 80 ---

23. idêlir aturira ris | inggih agampil sang nata | ugêr yêkti sasanggupe | môngsa kèwêdana marga | nata kèndêl tan nabda | radi merang jroning kalbu | dhawuhkên aturing paman ||

24. idêlir sru dènira ngling | ing mangke tuwan pangeran | galiha nuntên tarube | arahan têtiyang desa | dimèn nuli wontêna | ingkang nyanggi têdhanipun | bala Kumpêni Madura ||

25. kang sami saos ing jurit | ing karya jêng sri pamasa | pangran mathênthêng sanggupe | gagah datan ngangge parnah | kamajon nora nyata | kêdhik wêwekane kaduk | sabarang dèn usapêna ||

26. sarampunge kang ginalih | sri narendra sigra jêngkar | sing Piji idlir urmate | atur prajurit Walônda | salawe drahgundêrnya | sakawan upêsiripun | Mayor Sakèbêr Manggala ||

27. rawuh dalêm sri bupati | nèng Jabung pukul sadasa | rêrêm dhaharan sang katong | sawusira satêngahpat | kondur mring Surakarta | Mayor Sakèbêr tan kantun | sapraptanira jro praja ||

28. wus ngadhaton sang siniwi | gantya malih kang winarna | Nata Banaran têdhake | praptane Kamalon desa | dhawuh mring wadyabala | kinon umangkat rumuhun | nyabrang sa-Kilènparaga ||

29. anèng Kilènpraga kali |

--- 81 ---

kinon sami ngantosana | rawuh dalêm sang pamase | sawusnya wadya budhalan | wauta sri narendra | sigra dènnya nulak wangsul | namur mung kuda sadasa ||

30. ing ratri rêrêm Saribit | arsa namakakên sarat | sinandi wau lampahe | amung kalih abdinira | bêkta pipisan gêrang | lan jimat rajah kabungkus | anèng sajroning daluwang ||

31. prapta sakilèning Piji | têngah kali pinêndhêman | pipisan gêrang malihe | jimat binungkus daluwang | sinalatakên sigra | dening kangjêng sang aprabu | kaping ing rolas rakangat ||

32. abdi kalih ngungun sami | manoni tingkah mangkana | ing bambang wetan kondure | prapta Saribit wanci byar | sri pamasa gya têdhak | amung turôngga sapuluh | dhatêng sa-Kilènparaga ||

33. tan lêrêm Banaran nagri | praptane Kilènparaga | masanggrahan nèng Barosot | wus panggih lan wadyanira | kunêng malih winarna | kang baris ing Piji wau | antara ing tigang dina ||

34. lawan dènira mêndhêmi | sang nata ing Kabanaran | pipisan dèn salatakesawatake. | nulya katiban wêwêlak | sagunging wong barisan | gêring sore esuk lampus | gêring esuk sore pêjah ||

35. Madura miwah Kumpêni | datan wontên kaliwatan | rumab panas tis sakite |

--- 82 ---

Mayor Kèngsêr senapatya | sakit sadina pêjah | idlir santêr gêrahipun | pitung ari datan lena ||

36. malah kongsi madya sasi | gêrahipun mêgap-mêgap | nging dèrèng prapta ajale | amung dahat santêrira | nahanakên kewala | Walandi alit kang lampus | drahgundêre tigang dasa ||

37. salawe wadya lumaris | sèkêt wong Kumpêni Islam | patang atus Madurane | nanging tan môntra mandhaa | kang gêring saya kathah | rina wêngi ting galuruh | giris maras kang miyarsa ||

38. idlir dhawuh mring pra tindhih | barisan ing Piji desa | ing kene sangar bumine | mênthèk lan prayangan setan | rina wêngi ngalambrang | sajroning barisan agung | angêrêki karya pêjah ||

39. marmane barisan iki | prayoga lamun tininggal | amaju malih papane | ingkang kinira prayoga | sun mulih mring Samarang | môngsa bodhoa ing pungkur | pra tindhih matur sandika ||

40. sigra budhal tuwan idlir | ginotong ana ing lincak | binarukutan kajange | pinikul ing sikêp desa | wontên Madura prapta | kalih èwu kang bêbantu | kêkalih pangiridira ||

41. Ngabèi Kuda Pranglangit | lan Dêmang Kuda Prangrupak | sawusnya gêlêng rêmbage | pra tindhih sigra budhalan | tilar Piji barisan |

--- 83 ---

Kèbêr senapatinipun | dene senapati Jawa ||

42. inggih Pangeran Dipati | Buminata Surakarta | kapat para bupatine | Dyan Tumêngung Wiradigda | Tumênggung Mangkuyuda | myang Rajaniti Tumênggung | Tumênggung Surajênggala ||

43. wus budhal saking ing Piji | langkung agênging gêgaman | prajurit Madura mangke | kalih èwu wêwahira | sapraptanirèng Pokak | ing Malese akêkuwu | pancak jagang kapurancang ||

44. sami mêndha ingkang sakit | nanging mungsuhe arungan | prapta riwuk esuk sore | kunêng gantya winursita | Sang Nata Kabanaran | ingkang pacak barisipun | wontên sa-Kilènparaga ||

45. wong Pagêlèn wus miyarsi | kang baris anèng Watêsan | Tumênggung Cakrajayane | baris lèr Lêrêng kalawan | samantri numbakanyar | dene kidul Lêrêngipun | Dyan Tumênggung Ônggawôngsa ||

46. priyayi sèwu pra mantri | sami biting sinantosan | galugu rinangkêp tembok | Walandi amung sadasa | anunggal Ônggawôngsa | Tuwan Rèke tindhihipun | Dyan Tumênggung Cakrajaya ||

47. anyabrang sakidul kali | manggihi dhatêng kang uwa | Tumênggung Ônggawôngsa ge | amuwus Ki Cakrajaya | uwa paran ing karsa | dèn ewa krubuhan gunung | Sri Bupati Kabanaran ||

--- 84 ---

48. saèstu badhe mariki | kadi paran badhenira | yèn sumawi dawêg bolos | ingkang uwa saurira | inggih lampah yèn nyata | batine utusanipun | kang anêlik dèrèng prapta ||

49. Cakrajaya muwus malih | kadi paran yèn kasèpa | tanpa tuwas wêkasane | lan malih uwa kawula | angraos sampun sayah | kangèlan salaminipun | rêmpu wontên nginggil kapal ||

50. akaku têmên tyas mami | uwa makatên punika | kang uwa batine jêthèt | sinamur agêgujêngan | rinapêtan ing netya | dhuh-dhuh adhuh nak tumênggung | barang rèh dene sarkara ||

65. Dhandhanggula

1. aja tinggal purwa madyanèki | dika dhingin wijil lit lir kula | ing Rendhetan têlung lawe | pan dadya gamêlipun | Martanaya pak garêm nguni | nuntên wontên lurugan | Samarang rumuhun | Martanaya tinimbalan | praptèng ngarsanira rahadèn dipati | hèh kulup Martanaya ||

2. sun sêlange kulup wongirèki | ing Rendhetan pan Si Udakara | lan bumine têlung lawe | iku sun gawe pamuk | iya besuk ingsun lironi | Martanaya tur sêmbah | sumôngga pukulun | kula bêktèkkên kewala | botên susah paduka mawi nglintoni | mèsêm radèn dipatya ||

3. iya kulup pangêmanirèki |

--- 85 ---

ngrasa duwe wong tuwa maring wang | lagi anglakoni gawe | duwe bêbêcik iku | sira ngraosakên ing mami | iya luwih tarima | pinaringan sampun | busana sarwa lorodan | nuli sira pinacak lurah prajurit | pêparab Nilasraba ||

4. awit wong cilik dika rumiyin | duk sinuhun sumare Nglawiyan | dika lan kula ginawe | sami nama tumênggung | kinèn angrèh abdine mantri | punapi walês dika | marang têrahipun | yèn enthenga bobot dika | sintên ngandêl marang anak putu wuri | gawe cacad acidra ||

5. Cakrajaya tumungkul tan angling | nulya pamit suwuk ingkang rêmbag | Tumênggung Ônggawôngsa | marang loji wus pangguh | lan Kumêndhan Rèke ngrêmbagi | anak ana pawarta | Cakrajaya tutur | Susunan ing Kabanaran | badhenira karsa atêdhak mariki | bala tanpa wilangan ||

6. yèn sumawi anak payo pêgi | mupung tamban asru wuwusira | anjêngèk Kumêndhan Rèke | paran bapak tumênggung | dene tinggal papan wus bêcik | ya gampang besuk apa | yèn wus katon mungsuh | karuhane gone mawrat | Dyan Tumênggung Ônggawôngsa anauri | ora anganggo wawrat ||

7. duk maksihe Pangran Mangkubumi | ora samene

--- 86 ---

kèhe kang bala | Mayor Sakèbêr balane | Walônda limang atus | Kumpêni Slam dhomas ing nguni | pra dipati sadaya | aprang lan puniku | Susunan ing Kabanaran | tumpês tapis Kumpêni kêdhik kang urip | de anak kudu mawrat ||

8. iya iku wong kudu ngêmasi | angur badan pasrahna uripan | duk mirsa Kumêndhan Rèke | angênês manahipun | nanging lair maksih nasabi | sanadyan mangkanaa | wong aprang puniku | mundur durung katon mêngsah | dyan tumênggung angusap jajanirèki | lae astapirolah ||

9. lamun anak kongsi aningali | marang mungsuh rusak ingkang manah | nadhahi dudu bobote | kang dak jaga pan mungsuh | pra pangeran kathah nèng ngriki | Pangeran Purubaya | Mangkukusumèku | Pangran Suryadikusuma | tri pangeran ingkang padha dak jagani | sagêndhinging ayuda ||

10. sapa nyana banthèngane prapti | durung mungsuhan wong kaya anak | siji iku ing adate | mayor pan pêjahipun | ya Mayor Has pêjahe nguni | Mayor Por kapalajar | Sakèbêr marundhul | anak lamun uningaa | yèn praptaa Susunan Amangkubumi | nyabrang ing Bôgawônta ||

11. wong Pagêlèn sadayane iki | anumbaki manira lan anak | desa kang wus têluk [tê...]

--- 87 ---

[...luk] kabèh | dhèwèke dadi mungsuh | saya gigrig wau tyasnèki | Kumêndhan Rèke mojar | iya pak tumênggung | ugêr ywa rina kewala | aku merang ing dalu padha lumaris | apa karsane bapak ||

12. dyan tumênggung wus lêga ing galih | angundangi prayitna siyaga | aja kaswara ing akèh | besuk karuhanipun | têlik ingsun pan dèrèng prapti | kang amor lawan mêngsah | mangkana ing dalu | Dyan Tumênggung Cakrajaya | ing pondhoke gumuruh sawadyanèki | lolos balik mring mêngsah ||

13. lan dutane dyan tumênggung prapti | sang aprabu anèng Pagarongan | kadya samodra balane | pangran katiganipun | ngalèr anjog ing Banyuurip | Susunan Kabanaran | badhe mangke dalu | kèndêl wontên Bôgawônta | Dyan Tumênggung Cakrajaya sampun balik | wau kapanggih marga ||

14. Mantri Mataram têtiga ngirid | Dyan Tumênggung Ônggawôngsa sigra | manggihi Kumêndhan Rèke | anak iku wus tamtu | sri narendra rawuh mariki | ature dutaningwang | iya lampahipun | tinilar ing Pagarongan | Cakrajaya ing mêngko uwis ambalik | akesah sabalanya ||

15. samya gugup têngah dalu nuli | budhal tilar pabarisanira | agêgancangan lampahe | balane [bala...]

--- 88 ---

[...ne] dyan tumênggung | wontên tigang atus prajurit | satus kang kêkapalan | dharat kalih atus | Kumpêni kuda sadaya | sanjatane kawan dasa dharat sami | nênggih Kumpêni Islam ||

16. duk kêbyaran ing talaga nguni | dupi rahina pan katingalan | wong desane titir kabèh | anututi bêbujung | ingkang arsa samya ngadhangi | Kumêndhan Rèke mojar | bênêr pak tumênggung | wong desa iki sadaya | uwis padha dadi batur mau sami | padha ngladèni karya ||

17. mêngko padha mèlu Mangkubumi | dumèh apa tumênggung dêlingnya | karo aku gêdhe kae | lan kêras aprangipun | ya mulane wong Jawa ajrih | kang sami ngadhang ngarsa | wau dyan tumênggung | ngikal bêdhil balimbingan | cêluk-cêluk wong desa elinga mami | aja na kang sikara ||

18. dipun padha eling yèn wong cilik | ana kang eling ana kang ora | kang lali rame surake | agiyak sarta kukuk | dyan tumênggung ngatag Saragni | mangsah sarêng nanjata | Kumpêni anusul | kang angadhang binêdhilan | akèh kêna piyake anganan ngering | eca dènnya lumampah ||

19. sangsaya kèh wong desane sami | sapangilèn wus samya miyarsa | wong ngadhang kèh ngêtutake | Kumpêni Islam kantun | wong têtiga dipun tumbaki | sami tatu sadaya | siji lajêng lampus |

--- 89 ---

dyan tumênggung langkung duka | ora talah wong desa angkuhe sami | iya anêmu apa ||

20. kuda sèkêt samya ambêg pati | ingkang sèkêt atêngga rêmbatan | dyan tumênggung ngamuk dhewe | Kumpêni tumut ngamuk | kang binêdhil akèh kang kêni | malêdug salang-tunjang | tan ana kang pêngkuh | wus akathah ingkang pêjah | dyan tumênggung wangsul panggènan lumaris | wus prapta Winong samya ||

21. kèndêl sakêdhap lajêng lumaris | pan angungsi nagari Toyamas | samarga-marga lampahe | ingadhang tinut pungkur | tan cinatur lamanirèki | praptèng parêdèn ika | ical arubiru | Tumênggung Yudanagara | kang abaris Sigaluh sampun miyarsi | Kumpêni praptanira ||

22. ingkang saking Pagêlèn pra sami | lawan Dyan Tumênggung Ônggawôngsa | Tumênggung Cakrajayane | wus balik tumut mungsuh | Sunan Kabanaran ing mangkin | wus ngancik Pagêrwaja | wong Pagêlèn tarub | kang rayi kalih ingangkat | Pangran Purubaya Mangkukusumèki | Pangran Suryadisuma ||

23. ingkang para mantri-mantri sami | tarub sadaya wus praptèng Rema | Sunan Kabanaran mangke | wus asrêp galihipun | aningali wau kang rayi | tarub Pagêlèn ômba | kêkapalanipun | wus tigang èwu kumpulnya | sri bupati [bupa...]

--- 90 ---

[...ti] andhawuhi ingkang rayi | kinèn agêng tyasira ||

24. wus pawitan iki sira yayi | ing Pagêlèn cacahe salêksa | lan pitung èwu punjule | kajaba tuwaburu | lan ing Rema Panjêr Pamardin | mantêp wong têlung lêksa | pawitanirèku | ingsun dhingin pawitana | wong samono kaya nora bèncèng pikir | angrata tanah Jawa ||

25. têlung èwu pawitanku yayi | Sokawati tur pêrak nagara | amung sabêdhug adohe | lawan panggonan ratu | ing Pagêlèn punika têbih | lawan kuthane raja | sapolahe tutug | yayi ngancika ing Rema | ing Banyumas nuli gitikên tumuli | Pamrêdèn ancikana ||

26. sun tinggali ya sira prajurit | kapilih lan pinggir têlu bêlah | sangang puluh sanjatane | kang binang wolung puluh | tumbak irêng sêmune malih | samya amolung dasa | ywa têbih sirèku | yèn bênêr pangadinira | iku yayi padha lawan Bugis Bali | barêng rêmpu kalihnya ||

27. ingkang rayi umatur wotsari | ingkang raka malih angandika | sun yayi pisah nèng kene | sun anjog maring Kêdhu | ingkang rayi samya ngabêkti | kang raka sêsalaman | pangeran puniku | nênggih Suryadikusuma | gya têngara wau ta wong agung katri | sarêng

--- 91 ---

dènnya bubaran ||

28. tan winarna lampahirèng margi | Pangran Purbaya wus praptèng Rema | Ngulangan luwang ngajênge | Watês pamrêdènipun | panganjure Pagêlèn sami | pan sampun yun-ayunan | lawan barisipun | Radyan Tumênggung Banyumas | kawuwusa wau kangjêng sri bupati | praptèng Kêdhu sawadya ||

29. ing Jêmajar kang dèn pasanggrahi | gangsal dalu kondur mring Mataram | gumuruh wadya balane | ing marga tan winuwus | praptanira nagri Matawis | wus manjing angadhatyan | sagung wadyanipun | wus tata wismane samya | eca tyase wong cilik gustine prapti | nagari Kabanaran ||

30. Pangran Mangkunagara ngunduri | barisipun wontên Kaserenan | sabên dina aprang rame | nging lèrès tangkêpipun | angrêriwuk sagung bupati | yèn binêrêg anilap | tinilar tut pungkur | ing sabên dina mangkana | kaku tyase Madura miwah Kumpêni | dene prang sêsetanan ||

31. Mayor Pèbêr pirêmbagan sami | lawan Mas Arya Môncanagara | pêpatih ing Madurane | lan para panji kumpul | lawan sagung para upêsir | tuwin kang pra dipatya | nênggih kang rinêmbug | aprakara dene pangan | lawan repot inggih têdhaning Kumpêni | sagung wong pabarisan ||

32. Pangran Buminata

--- 92 ---

kang tinari | pundi desa kang patut dèn ambah | kang kathah bêras parine | pangran alon umatur | botên wontên ingkang nimbangi | liyane ing Masaran | goning bêras pantun | yèn punika karêbata | botên kirang wong sabarisan puniki | sayêkti kacukupan ||

33. nulya matah prajurit lumaris | sèwu prajuritipun Madura | rongatus Kumpêni Slame | wong Jawa gangsal atus | Pangran Buminata bêktani | Radèn Wiryakusuma | kuda têlung puluh | kuda Pranglangit Madura | ngidul ngetan budhale saking ing baris | anglarag ngambil pangan ||

34. Pangran Mangkunagara miyarsi | lajêng budhal saking Paserenan | watara wadyabalane | turôngga tigang atus | bupatine pangeran nênggih | têtiga kang ajaga | kang abaris kidul | Tumênggung Suradigdaya | lan Tumênggung Sura Mangunjaya nênggih | tuwin Malangnagara ||

35. mantri ngajêng sakawan angiring | Malangprakosa Malangdrigama | Malangprawira malihe | Malangprawira iku | nunggil baris anèng Karangri | sakidul kilèn Bera | kuda gangsal atus | myarsa yèn mungsuh anglarag | sami kirab barise anganan ngering | samana praptanira ||

36. lèr Karangri anulya ginitik | mêdal saking dhusun kering kanan | kukuk surak sarta bêndhe | ambêdhil [ambê...]

--- 93 ---

[...dhil] anênambur | wong Madura panggah nadhahi | tinundha tinarajang | wong Madura kukuh | rame prang Madura dharat | mungsuh kuda rinewang lèrès ing jurit | kèh kêna kang kapisah ||

37. dadya ngumpul wong Jawane sami | ngungsi anèng wurine Madura | tinata prangira lèrès | mêngkap panyananipun | nubruk ngamuk ngilês turanggi | tan wruh lamun sakêdhap | gêgêtêri gugup | prajurit Madura kathah | tatu pistul sadasa ingkang ngêmasi | dangu dènira aprang ||

38. wanci pukul sapuluh ajurit | lingsir kilèn dadya pirêmbagan | mundur alon benjing malih | undure barisipun | pan agolong mungsuh ngênginthil | mistuli saking kanan | kering saking pungkur | Pangeran Mangkunaga |Kurang satu suku kata: Pangeran Mangkunagara. saking wetan alingan dhusun anganti | badhe anggitik têngah ||

39. dupi sampun kaliwat sapalih | tinarajang sami nabêt kuda | tinunjang ngilês kudane | pêdhot barising mungsuh | pothar-pathir kathah ngêmasi | wau katri punggawa | myat gustine rawuh | mangsah malih yudanira | sami nunjang pambedhunge nganan ngering | rêsah mungsuh kèh pêjah ||

40. wong Madura ngamuk dèn oncati | pinistulan myang wontên pinanah | saya kathah pêpatine | ing wanci tunggang gunung | praptanira cêlak ing baris | prasamya tinulungan |

--- 94 ---

wong barisan mêtu | Pangeran Mangkunagara | sawadyane undure ngidul aririh | wau wong agung samya ||

41. asru ngungun rusak rowangnèki | kathah pêjah myang kang nandhang brana | Pangran Mangkunagarane | sawadyanira rawuh | masanggrahan dhusun Karangri | enjing sagung kang pêjah | wus kinèn amêrung | antuk kuping pitung dasa | gya utusan marang nagari tur kuping | praptaning Kabanaran ||

42. lajêng katur ing sri narapati | ingkang putra ngaturakên sêrat | mratelakakên yudane | prang enjing kongsi surup | ungguling prang kathah kang mati | sadaya pitung dasa | yudane dipun suk | wangsul jawi pabarisan | langkung suka wau dènira miyarsi | Sang Nata Kabanaran ||

43. kunêng bala Madura kang kari | langkung dening bramatyaning driya | kang sami ngambil pangane | tan antuk panganipun | mindhak kathah ingkang ngêmasi | enjing malih arêmbag | bantu mukul mungsuh | ambêkta Kumpêni seta | pitung dasa myang tri atus Bugis Bali | Madura pêpucungan ||

66. Pocung

1. wadyanipun kang binêkta kalih èwu | panjine têtiga | Kartayuda Kartasari | katrinipun Apanji Purwadipura ||

2. ya ta wau Pangran Mangkunagara wus | amiyarsa warta | yèn mêngsah wangsul ngagêngi | panji [pa...]

--- 95 ---

[...nji] katri sakawan para gunungan ||

3. mantrinipun sadaya ingkang pangayun | wong Jawa punggawa | têtiga Wiradigdèki | Rajaniti kalawan Surajênggala ||

4. duk puniku Pangran Mangkunagri nuduh | ngaturi kang paman | Pangran Arya Singasari | prapta lawan Tumênggung Kudanawarsa ||

5. mantri ngayun kinêrig sadaya sampun | praptèng lèr Têmbayat | pangeran kumpul miranti | myang balane Pangeran Mangkudiningrat ||

6. Pangran Mangkudiningrat grah cacar agung | langkung sangêtira | saking gênging cacarnèki | wus binêkta mantuk nagri Kabanaran ||

7. wadyanipun pan samya kantun sadarum | tumut ingkang raka | Jêng Pangran Mangkunagari | kèhing bala Pangeran Mangkudiningrat ||

8. kuda sèwu pangirid pêpatihipun | Dyan Jayasudirga | wus dadya dènira pikir | budhal majêng tata dhusun Tundhasara ||

9. gêlaripun sapit dumuk angun-angun | kinarya pangawat | Dyan Wiranata kang kering | tinindhihan Tumênggung Kudanawarsa ||

10. kiwanipun Suradigdaya Tumênggung | Suramangunjaya | wuri Pangran Singasari | prajurite pitung atus kang turôngga ||

11. tan adangu katingal praptaning mungsuh | lère Tundhasara | dalêdêg mangidul sami | mungsuh bubar sigra dènnya amèt [amè...]

--- 96 ---

[...t] papan ||

12. sami gugup Kumpêni sigra anambur | sêmu kacakuthak | datan nganggo macalangi | sigra campuh drahgundêr ngêdrèl sênjata ||

13. mungsuh kawur kuwur wadya kang tinêmpuh | prajurit Madura | para panjine nindhihi | gêgolongan kang kamuk samya anggiwar ||

14. bêstrongipun wong Madura ingkang kantun | wontên tigang dasa | nèng ngarsane para panji | kathah tatu prajurit Mangkunagaran ||

15. mangsah kiwul mungsuhira dhawul-dhawul | kinarapyak kuda | Pangeran Mangkunagari | nunjang saking wetan lajêng ngilènira ||

16. ngalèr ngidul panunjange sampun riwut | lir paksi sikatan | kadya bênce nyênyambêri | siyat-siyut mingêti durjana prapta ||

17. sêndhal-sêndhul wong Madura samya bingung | bodhal-badhil dhadhal | busêkan pating bêsasik | cinakuthak kang cinênthok nyênthak-nyênthak ||

18. kadya wêlut cinandhak-candhak marucut | mungsuh kang kapisah | kathèthèran pothar-pathir | kang abakuh apêngkuh angangkah wêgah ||

19. dadya êpur tan ana kang kasor unggul | mantri jro satunggal | Jaya Supônta ngêmasi | kang kabranan sira Rôngga Panambangan ||

20. malihipun tumênggung satunggal tatu | pun Suradigdaya |

--- 97 ---

kempole kiwa kang kêni | wiwiting prang lingsir kilèn bubar asar ||

21. atut pungkur sakêdhap para tumênggung | wus wangsul sadaya | wontên bêbantu kang prapti | pra bupati prapta saking Kabanaran ||

22. wastanipun Jaya Turôngga Tumênggung | lawan Janapura | pitung atus kang prajurit | kêkapalan kajawi ingkang adharat ||

23. malihipun kanthi ngampil suratipun | Natêng Kabanaran | tinampan tinupiksa glis | wus kadriya surasane kang pustaka ||

24. sira kulup ngrampita nagri dèn gupuh | Dhimas Singasêkar | milua lakunirèki | timbalana Rôngga lan Si Jayadirja ||

25. nulya wau sandika ing aturipun | sigra budhal ngetan | gandhèk angilèn lumaris | badhe tata-tata anèng Pacarikan ||

26. pra Tumênggung pinêpak sadayanipun | Rôngga Jayadirja | wau ta dipun timbali | kênthing dina ngrampit nagri Surakarta ||

27. wus angumpul sagung punggawa panganjur | Suramangunjaya | Wiranata lawan malih | wus waluya tatune Suradigdaya ||

28. mung sadalu nèng Carikan enjingipun | lajêng budhalira | lan Jêng Pangran Singasari | pra tumênggung nênêm sakawan nèng ngarsa ||

29. lampahipun angalèr ngilèn alaju | nyabrang Kamanggaran |

--- 98 ---

panganjure lajêng sami | kang ngobongi desa kidul Surakarta ||

30. samya bingung wong Surakarta gumuruh | mungsuh ingkang prapta | Pangeran Mangkunagari | anèng Babad lan Pangeran Singasêkar ||

31. pra tumênggung ing Surakarta tan mêtu | amuwêr kewala | miwah kang wadya Kumpêni | samya ngêkês tan ana sumêdya mêdal ||

32. sigra laju Pangran Mangkunagara wus | prapta Grêmêt desa | Pangran Arya Singasari | Janapura kalawan Jayanagara ||

33. kidulipun ing kampung Kabangan iku | kang saking lèr prapta | Tumênggung Jadirja angling | kanthi lawan Dyan Rôngga Wirasêtika ||

34. mantri ngayun sadaya sami atumut | wontên kuda dhomas | punggawa kalih wus prapti | sowan marang pangeran anuwun prênah ||

35. sigra sinung pangawat panggenanipun | Rôngga Jayadirja | ing kiwa amangawati | tinimbangan Pangran Arya Singasêkar ||

36. dhadhanipun Mangkunagara kang mangku | wong Kumpêni mêdal | amalih lampahirèki | Pringgalaya lan oprup nèng marga gènnya ||

37. kang nèng kidul Sindurêja tindhihipun | wong gêdhong kaparak | sapalih tumut mêdali | anèng Kadipala campuhing ayuda ||

38. Dyan Tumênggung Jayanagara angamuk | lan sawadyanira |

--- 99 ---

Sujanapura Bupati | nulya nusul saha bala aprang nunjang ||

39. balanipun Bupati Sindurja mawur | myang wadya kaparak | gêdhonge kalulun sami | wontên bantu prapta turôngga sapta wlas ||

40. saking kidul Jayawikrama Tumênggung | anggitik ing têngah | pêdhot mungsuh walang ati | aprang tanggon Tumênggung Jayawikrama ||

41. wus angumpul ing Ngadiwarna puniku | wontên songsong jênar | Pangran Arya Singasari | dadya kèndêl Tumênggung Jayawikrama ||

42. Mantrinipun Pangran Singasari matur | anuwun parentah | punapa sinêrang jurit | angandika Pangran Arya Singasêkar ||

43. mêngko durung ki lurah yèn wus atarung | maksih bêbalangan | durung rukêt ing ajurit | Senapati katon maksih prange kêmba ||

44. datan dangu bala Kumpêni prangipun | nulya wau Pangran | Mangkunagara ngundhangi | mundur ngalor gumolong apanthan-panthan ||

45. samya dulu pangalère ingkang mungsuh | bok akarya gêlar | ing Jèbrès mangetannèki | sami nyabrang bangawan Jurug mangetan ||

46. menggok ngidul punggawa kalih tinundhung | Dyan Rôngga Jadirja | muliha mring Sukawati | lamun ngrampit malih asêmayan dina ||

47. lampahipun pangeran sabalanipun |

--- 100 ---

prapta ing Carikan | ing ngriku kèndêl saratri | enjing budhal masanggrahan Kêdhung Jambal ||

48. duk sadalu nulya wontên duta rawuh | ngaturi uninga | saking Banaran nagari | yèn kang rayi Pangeran Mangkudiningrat ||

49. gêrahipun cacar santêre kalangkung | pangeran parentah | ingkang Paman Singasari | ingaturan têtêp anèng Kêdhung Jambal ||

50. pra tumênggung lumakua mupung esuk | padha nglèncèrana | barisan Malese iki | prapta kidul saka kulon saka wetan ||

51. Si Tumênggung Suramangunjaya iku | lan Suradigdaya | têka kidul amêtoni | Wiranata Cakrajaya têka wetan ||

52. karo iku saka kulon gone mêtu | Si Jayanagara | lan Sujanapura malih | ingsun arsa têtinjo mring Kabanaran ||

53. wadyaningsun kabèh sun tinggal tut pungkur | Paman Singasêkar | lampah ingsun mring Matawis | nora bêkta mung mantri jêro kewala ||

54. wanci bangun sigra budhalan gumuruh | tan amawi dharat | asar praptaning nagari | ingkang rayi kapanggih pan maksih gêrah ||

55. datan wêruh ingkang raka praptanipun | dangu ingkang garwa | apa bojomu wus lami | dene iya lara bangête mangkana ||

56. nêmbah matur

--- 101 ---

gih sampun lami pukulun | rama padukendra | wingi ratri anêdhaki | amaringi gantèn mila ragi sênggang ||

57. sang aprabu nimbali anguwuh-uwuh | botên amiyarsa | lawan botên bisa angling | angandika Pangeran Mangkunagara ||

58. sakèh tômba saka ing jaba sadarum | padha tulakana | yèn sang nata wus maringi | nêmbah matur Dyan Ayu Mangkudiningrat ||

59. inggih dhawuh timbalan dalêm sang prabu | yèn botên kalilan | usada saking ing jawi | sabên ari usada saking jro pura ||

60. botên dangu gandhèk kêkalih kang rawuh | opyak sanagara | kawruhan praptanirèki | jêng paduka ngandikan manjing jro pura ||

61. sampun cucul lajêng amanjing kêdhatun | taksih prajuritan | tan kalilan anglukari | nuli kerit sapraptanira jro pura ||

62. wusnya ngujung gya pinundhut aturipun | dènira mangun prang | prang tundhasara angrampit | sampun katur sasolahira sadaya ||

63. pan wus dangu Pamanira Singasantun | tunggal lawan sira | apa na undhake malih | kuwanène sêrênge asmarèng laga ||

64. nêmbah matur dèrèng wontên indhakipun | pênêt pun Jadirja | akêndho datanpa budi | bok manawi dèrèng prapta kalamôngsa ||

65. kalihipun [ka...]

--- 102 ---

[...lihipun] pan samya nama lan dhapur | lan Paman Purbaya | tinimbanga botên silip | katigane Sultan kang baris ing Pokak ||

66. priya iku paran baya tanpa ngèlmu | wong lanang wêdi prang | duraka wêdi ngêmasi | pan kalêbu wêwilangan tanpa tekad ||

67. yèn mangkono kulup pamanira iku | gone kêndho pêrang | kagawaran Singasari | mêngko ingsun êlih Pangran Prabu Jaka ||

68. lah ta kulup priye larane adhimu | wingi sun marana | sun tingali gone sakit | bangêt têmên cacarên mangkana ika ||

69. nêmbah matur èstu langkung sangêtipun | putra padukendra | inggih sarase ing benjing | imbuh bagus burikipun krowal-krowal ||

70. sang aprabu angandika sira kulup | sapuluh wêngi kas | ngrampita gawaa kanthi | Pamanira Dipati Suryanagara ||

71. malihipun Môndraka Wiradigdèku | barênge lan sira | budhala saking nagari | sigra nêmbah pangran umatur sandika ||

72. wanci pukul sawêlas kalilan mêtu | ujung pamitira | Wasisan tan sowan malih | praptèng jawi lajêng kondur dalêmira ||

73. pra tumênggung akathah prapta ing dalu | punggawa têtiga | Môndraka Wiradigdèki | miwah Radyan Dipati Suryanagara ||

74. dhinawuhan [dhi...]

--- 103 ---

[...nawuhan] tumut sandika turipun | dalu tan kawarna | ya ta kawuwusa enjing | sarêng budhal Pangran myang katri punggawa ||

75. pasar warung sadaya pamuwusipun | dhuh Gusti Pangeran | Dipati Mangkunagari | jinurunga lananga dènira yuda ||

76. mungsuhipun sirnaa aja na gêpuk | nagri Kabanaran | gustiku pangeran iki | nguwisana aja kongsi ingkang rama ||

77. cahyanipun pantês prajurit pinunjul | ulat mulat-mulat | wong agung kang amengini | mung cacade dêdêge kurang satêbah ||

78. Môndaraka Wiradigda Dyan Tumênggung | ingkang munggèng ngarsa | Suryanagara ing wuri | ginarêbêg prajurit asongsong pêthak ||

79. wong mêmarung kang gawa anak amuwus | thole lah tiruwa | yaiku Radèn Suwandi | bagus anom baranyak prawira ing prang ||

80. Pangran Mangkunagara iya gustiku | dêdêga samana | sayêkti anggaru langit | cebol-cebol kok kudu anguntal jagad ||

81. ucapipun wong marung datan ginalur | cinatur lampahnya | Pangeran Mangkunagari | sawadyane wus prapta ing pabarisan ||

82. panggih sampun lan Pangeran Singasantun | dhinawuhan nulya | paman paduka atampi | kang timbalan saking raka padukendra ||

--- 104 ---

83. kinèn mundhut nama paduka kang sampun | Pangran Singasêkar | wit ginalih tan prayogi | sinung santun nama Pangran Prabu Jaka ||

84. pangran matur ing paman sarwi gumuyu | ing watawis kula | mila nama dèn salini | ingkang karsa kados jêng raka paduka ||

85. dimènipun mindhak akêndêl prangipun | nama Singasêkar | pan kadya dede prajurit | mila pinaringan Arya Prabu Jaka ||

86. mèsêm muwus anak lurah ciptaningsun | mêngko yèn apêrang | akêndêl wani ngêmasi | praptèng rana niyatku pating palêsat ||

87. niyat ingsun duk anèng pondhokan wau | têka padha ilang | si wani tan ana kari | ingkang kari si maras si mêlang-mêlang ||

88. puluh-puluh sapuluh ping têlung puluh | nora bisa selak | ki raka sri narapati | yèn ramanta kêndêle kaya Walônda ||

89. sru gumuyu sagung kang para tumênggung | pangran paparentah | mring sagung para bupati | dika Paman Dipati Suryanagara ||

90. dika nuduh nimbali para tumênggung | kang baris tampingan | Jayadirja Brajamusthi | Brajadênta myang Rôngga Wirasêtika ||

91. Dyan Tumênggung Ranadiningrat ywa kantun | besuk Rêbo ngarsa | ing kono gon ingsun ngrampit | patêmone iya ing Grêmêt kewala ||

92. budhal [bu...]

--- 105 ---

[...dhal] sampun pangeran sawadyanipun | saking Kêdhung Jambal | sasêntana pra bupati | kumpul kabèh baris agêng mring Carikan ||

93. enjingipun kinirab kang baris agung | anabrang Manggaran | praptane kilèn banawi | andum lampah ambagi kang pra bupatya ||

94. pra tumênggung nênêm kang kinèn rumuhun | ngancika ing Babad | ywa ngobongi wisma dhingin | yèn Mas Rôngga lan Jadirja durung têka ||

95. kudu pêngkuh nganti praptane tumênggung | bang êlèr sadaya | Suryanagara nambungi | kados êmbèn dhatênge pun Paman Rôngga ||

96. kriganipun ingkang dèn antos pukulun | pangeran ngandika | paparentah rèhing jurit | mring kang Paman Pangran Arya Prabu Jaka ||

97. lamun sampun Rôngga prapta dèn agupuh | paman amajênga | mring Garêmêt andhadhani | anganthia Wiradigda Môndaraka ||

98. kiwanipun pangawat gangsal Tumênggung | Sura Mangunjaya | Suradigdaya lan malih | Janapura miwah pun Jayanagara ||

99. gangsalipun pun Wiranata Tumênggung | paman anèng dhadha | ginunggunga kang prajurit | kadi wontên tigang èwu kêkapalan ||

100. malah langkung inggih para dêmangipun | sadaya punika | mantri andêl Sukawati | prajurite kawan atus kêkapalan ||

101. inggih lamun [la...]

--- 106 ---

[...mun] paman angarsakna magut | pan botên kainan | kula badhe angantuni | lan pun Paman Dipati Suryanagara ||

102. ingkang rêmbug wus dadya sadayanipun | Pangran Prabu Jaka | ngalèr Babat dèn anciki | Pangran Mangkunagara ngilèn lampahnya ||

103. lampahipun Suryanagara duk wau | lan sawadyanira | kiduling nagara prapti | Pangran Mangkunagara nèng kilèn praja ||

104. kang kawuwus gègère jroning praja gung | mungsuh katon mrêpak | ing Babat kang dèn anciki | ingkang êlèr wus prapta anèng Kaleca ||

105. nulya ngutus atur wuninga mangidul | yèn êlèr wus prapta | pra Bupati Sukawati | gya têngara Pangran Arya Prabu Jaka ||

106. barisipun andhêsêk mangalèripun | wus praptèng Kabangan | wau sagung pra bupati | pangran prabu ngujung astana Lawiyan ||

107. wusnya ngujung Pangran Prabu Jaka laju | ing Garêmêt prapta | parentah ing pra bupati | kang mangawat kiwa têngên kinèn misah ||

108. laju riwut pra bupati barisipun | têpung kêkapalan | Kabangan Garêmêt nênggih | lèr Garêmêt punika anêkuk ngetan ||

109. ingkang kidul ing Kadipala anêkuk | ngetan praptanira | kilèn Katipès mêkasi | wadya Surakarta ayuda kênaka ||

--- 107 ---

67. Pangkur

1. sri bupati paparentah | uprup kinèn miyosi ing ajurit | mapag praptanirèng mungsuh | lan patih kalih pisan | bupati jro ingkang tumut mêthuk mungsuh | mung Pangeran Pakuningrat | bupati kaparak kering ||

2. kang tiga têngga sang nata | sigra nambur kumpul bala Kumpêni | ambêkta drahgundêr satus | satus Kumpêni dharat | wus tinata ingkang kiwa têngênipun | Adipati Pringgalaya | pangawak têngên dèn goni ||

3. kinanthèn Kumpêni Islam | pun Kapitan Jawa Kapitan Bugis | lan sradhadhunipun satus | pangawate kang kiwa | Dyan Dipati Sindurja sawadyanipun | kinanthèn Kapitan Barak | satus sradhadhune Bali ||

4. uprup ingkang munggèng dhadha | kang kinanthi nênggih bupati kalih | Mlayakusuma Tumênggung | lan Pangran Pakuningrat | Kumpênine Islam namung kalih atus | anênggih kapitanira | Salijah lawan Dul Jalil ||

5. Makasar satus kang têngga | sri narendra nênggih Dhaèng Lêmbani | budhal kang wadya gumrêgut | kalih mriyêm binêkta | praptèng Buminata salèr wetanipun | ing Kawiradigdan lama | tinata baris Kumpêni ||

6. drahgundêr wuri kewala | ingkang dharat pinangku munggèng ngarsi | kalawan mariyêmipun | Dipati Pringgalaya | manggèn baris [bari...]

--- 108 ---

[...s] ing saêlèr wetanipun | wontên longkang rolas cêngkal | kalawan bala Kumpêni ||

7. Adipati Sindurêja | kilènipun radi ngalèr sakêdhik | wus satata barisipun | kidul mêngsah tumingal | sami nêmpuh pangawate sarêng campuh | têngaranira gumêrah | arame bêdhil-binêdhil ||

8. wau ingkang lagya prapta | mêdal Wanakarta ngetan lumaris | Mangkunagara agugup | myarsa sanjata munya | nyongklang jojog sadaya prajuritipun | ing Garêmêt praptanira | arame dènira jurit ||

9. Dipati Suryanagara | amuwuhi nèng dhadha ambakuhi | pangeran arsa anawur | pindha wadya arahan | banderane dèn lêlêt songsong dèn ingkup | sawadya mung kawan dasa | mêdhun saking ing turanggi ||

10. anuntên kuda sadaya | samya makan kuda anurut kali | kali Larangan puniku | tambuh kadya wong miyat | Wiranata kinèn milih wadyanipun | mung tigang dasa kewala | kang sayogya wani mati ||

11. pangeran alon ngandika | ingkang katon lor ika apa Bugis | kapitane kang kumingsun | sasuwene makanjar | mêncak-mêncak aprajurit tur pinunjul | têka ilêsên kewala | pêsthi nuli dèn tulungi ||

12. sira mring Si Paman Rôngga | Jayadirja pêsthi

--- 109 ---

enggal nulungi | Wiranata ngalèr gupuh | lan kuda tigang dasa | nèng Garêmêt angetan botên adangu | majêng angalèr sadaya | sarêng anabêt turanggi ||

13. kukuk ing wuri gumêrah | anarajang ing Pringgalayan baris | Kapitan Jawa nèng ngayun | tinunjang kudandapan | Rôngga Jayadirja sarêng atêtulung | prasamya nabêt turôngga | angilês anubruk wani ||

14. pothar-pathir kuthetheran | kinarapyak sêmpal abosah-basih | ulêng-ulêngan tan dangu | wus pêjah tigang dasa | kapitane angamuk kagulung-gulung | binuntaran ing landhean | tinumbak poporing bêdhil ||

15. bodhik-bodhike kabandhang | têlakupe ilang kabandhang sami | kalawan prajuritipun | Dipati Pringgalaya | atêtulung kèlêsa turôngga lampus | Ngabèi Pringgawijaya | mungsuh tan asuwe bali ||

16. mring Garêmêt praptanira | langkung suka antuk bandhangan sami | Kumpêni arsa têtulung | ewuh wus awor ing prang | wadya Pringgalayan kuwur tumut kagum | wau ta Kapitan Jawa | reyab-reyab sarwi ngungsi ||

17. sradhadhune tigang dasa | ingkang pêjah kèh pêcah sirahnèki | pitulas kang sami tatu | banderane kabandhang | kêndhang gonge kabandhang kari katipung | cinangking pan sarwi pincang |

--- 110 ---

kagawa sukune kanin ||

18. sami ginujêng kewala | sadangune makanjar mêmêdèni | toging êndon ora enjuh | uprup ewa tumingal | sinung ikêt Pangran Pakuningrat gupuh | udhênge panakawannya | sinungkên wus dèn tampani ||

19. bocahe agarundêlan | digêgojog kapitan kêna sarik | dene iku mung kumênthus | angkuhe nora kaprah | wani nonton talèdhèk sajro kadhatun | regol kunci wani bêdhah | jaro sawetan pandhapi ||

20. udhêng gilig rajang pandhan | dirampoga sêdhêng dosane nguni | dikira sandhang rongatus | mêngko ta ge kaparat | luwih têmên angkuh setan siji iku | Kapitan Itèl angucap | nudingi sarwi macicil ||

21. bêgitu trak adha guna | apa kêrja mau tinggal dhi sini | pan têrlalu brani malu | lah jangan kalihatan | kêrja marah samua orang sang prabu | lu tiadhak punya orang | lu jangan adha dhi sini ||

22. Kapitan Jawa wus kesah | sabubare mantuk pondhoke lami | sangajênge masjid Agung | bujad Kumpêninira | banderane kabandhang saruninipun | kapiyarsa sanagara | yèn Kapitan Jawa baring ||

23. pêrange kêna musibat | kawarnaa wau kang maksih jurit | pangawat kiwa kang

--- 111 ---

campuh | rame abêbêdhilan | Pangran Mangkunagara kang lampah nambuh | dupi cêlak lawan mêngsah | sawadya nitih turanggi ||

24. banderanira binabar | payung mêkar kagyat kang anon sami | barise dhadha tinêmpuh | wadya dharat tinunjang | sami piyak ana ta mariyêmipun | sinulêt pan kadya gêlap | kuwur datan makantuki ||

25. satunggil sinulêt pêcah | bêdhat mrapat ingkang mariyêm wêsi | tatale samya malêdug | kagum kang sandhing samya | kang satêngah anjêtung kadi wong bisu | Walandine kalih pêjah | wong Jawa sakawan kanin ||

26. lawan tumbak barêkatan | Pakuningrat aran pun bapa kaki | kêna gowang pucukipun | tatal mariyêm angsal | Pangran Pakuningrat langkung dènnya ngungun | Walandi mati ing mêngsah | nênêm amung jalan kaki ||

27. pangeran anulya giwar | ngalèr ngilèn ngidul Garêmêt prapti | sadaya sami angungun | nyana dene pangeran | nyana Wiranata mindhoni amagut | Pangran Arya Prabu Jaka | pangungunira tan sipi ||

28. sami kèndêl kang ayuda | wetan kulon aso tan mangsah malih | mung drahgundêr sami maju | nanging botên atêbah | lan Kumpêni Islam apan sampun dalu | bok mêngsah anêdya cidra | mangkana mungsuhirèki ||

29. Pangeran [Pa...]

--- 112 ---

[...ngeran] Mangkunagara | mundur ngilèn lor kidul animbangi | nèng Gumpang pisahan sampun | Rôngga miwah Jadirja | sakancane mangalor para tumênggung | mantuk marang Sukawatya | Pangeran Mangkunagari ||

30. angidul sawadyanira | Adipati Suryanagara nênggih | Môndraka Wiradigdèku | tumut angidul samya | kèndêl ing Balali makuwon sadalu | enjinge budhal mangetan | wangsul Pacarikan malih ||

31. Pangeran Mangkunagara | duk angrampit Surakarta ping kalih | rusak Kapitan Jawèku | Rêbo Pon ping pitulas | sasi Ruwah taksih Alip taunipun | sangkalanira anunggal | jumênênge sri bupati ||

32. lan wontên bêbantu prapta | maring Pokak bantu saking Samawis | wong Sêmbawa kalih atus | sampun ngumpul ing Pokak | sangsaya gêng barise kukuh apêngkuh | nanging bina-bingung ing prang | jajahan tan bisa radin ||

33. kacarita duk samana | wong Walônda kathah kang samya balik | golongan nênêm pêpitu | sasukane suwita | mung wong agung kêkalih ingkang jinujug | Pangeran Mangkunagara | miwah Sang Prabu Matawis ||

34. kang dadi tambur sulingnya | apan sami Walandi kang kinardi | ana lurah pinapatut | kang dadya mantri ana | kang sêmbada ana ginawe wong

--- 113 ---

agung | kang anèng Mangkunagaran | ana kang ginawe mantri ||

35. sawab abêr yudanira | mila susah têmahan samya balik | wit wantêr ing yudanipun | wong agung ing Mataram | ing asale kang sami Walônda dhusun | nora kambah mangun yuda | dudu Walônda prajurit ||

36. lan arang pakaryanira | anèng Jawa suka dipun sawahi | mung têlung jung bisa cukup | nyalawe mantrinira | kang kaprentah Walônda tiyange dhusun | sami wêlas têmah eca | mangkana ingkang winarni ||

37. Pangeran Mangkunagara | atur surat pratelan dènnya jurit | lan atur Walandi pitu | têlukan saking Sala | dutanira praptèng Kabanaran katur | mring kang rama sri narendra | sukèng tyas sri narapati ||

38. pra bupati pinarênca | karsanira bêbingung pra Kumpêni | kang anèng Wêdhi tinuduh | têtiga pra bupatya | ing Tangkisan Gondhang têtiga tumênggung | kang kidul kulon lan wetan | pêpitu kang pra bupati ||

39. ingkang salère nagara | sapangilèn pêpitu pra bupati | kunêng malih kang winuwus | kadi sarêng ing lampah | nanging gantya wau ing caritanipun | Pangran Arya Purubaya | alami rêbatan biting ||

40. Tumênggung Yudanagara | sakancane mantri bang kilèn sami | lawan bupatine sèwu | Tumênggung Ônggawôngsa |

--- 114 ---

nèng Gumêlêm dènnya ngadêg barisipun | abêbiting pan santosa | andina prang rêbat biting ||

41. Walandine mung sadasa | nêdha bantu mring nagari ing Têgil | nagari Têgil puniku | pêtoripun sosoran | ing bang wetan Surabaya timbangipun | yèn prakara kilèn Têgil | ingkang ngrampungi prakawis ||

42. Dyan Tumênggung Ônggawôngsa | miwah Yudanagara tur udani | ing Pagêlèn kawonipun | Susunan Kabanaran | kang nêdhaki angatêr ing arinipun | ing mangke Pagêlèn bêdhah | wangsul ing Mataram malih ||

43. lan Tumênggung Cakrajaya | sampun ical lumayu pisahnèki | amalik tumut ing mungsuh | Tumênggung Ônggawôngsa | nunggil wontên ing Toyamas ênggènipun | yèn botên binantonana | ing Toyamas tiwas benjing ||

44. tan lami bêbantu prapta | tigang dasa warni Kumpêni putih | Kumpêni Slam patang puluh | dene Kumpêni pêthak | Litnan Markèt punika têtindhihipun | pangirit Kumpêni Islam | Litnan Babandhên kang nami ||

45. alpèrès ulur sorsoran | praptanira ing Toyamas nagari | pra sami rêmbag amundur | dhatêng nagri Banyumas | Ônggawôngsa Yudanagara puniku | wus apanggih pirêmbagan | amrih sarkaraning jurit ||

--- 115 ---

68. Dhandhanggula

1. Dyan Tumênggung Yudanagara ngling | kakang tumênggung paran ing karsa | inggih ing lampah pênêde | Ônggawôngsa sumaur | môngsa borong karsane yayi | dene badan kawula | prakara puniku | kula purun ngandhêmana | têkèng pati yèn parentahe Kumpêni | kula botên suminggah ||

2. kaping kalih parentahe adhi | kula botên ngetung lara pêjah | sawab badan kula mangke | sarah upaminipun | yayi ingkang pama jaladri | sak obahe kang toya | sarah darmi ngatut | Tumênggung Yudanagara | gih punika kakang parentah Kumpêni | kula kinèn angrêbat ||

3. nagri Ngroma lan Pagêlèn nênggih | kula kinèn angatêr pun kakang | enggala mantuk Pagêlèn | Ônggawôngsa Tumênggung | pamuwuse manis aririh | inggih lamun sêmbada | lan adhi Tumênggung | pênêd ngaturana sêrat | inggih dhatêng Pangran Mangkusuma mangkin | sanadyan ta bêndara ||

4. ing batine jêr ipe sayêkti | ngaturana nyamping tigang lirang | miwah wontêna tunggale | kathah pikantukipun | maekani rubêding jurit | lan nyorok kaantêpan | inggiha pikantuk | gêlar wadi sinantosa | Dyan Tumênggung Toyamas mèsêm nauri | inggih lêrês pun kakang ||

5. nanging

--- 116 ---

pun kakang ingkang akardi | sêrat punika sumanggèng karsa | kula mung tampi dadose | anuntên dadosipun | ingkang sêrat sadintên mangkin | Tumênggung Ônggawôngsa | karya sêrat sampun | raose sami kaduga | angêcapan anulya tiningkêm aglis | sinungkên kang dinuta ||

6. mêsat duta tan kawarnèng margi | prapta pasanggrahaning Pangeran | Mangkukusuma nèng Mardèn | linarapakên sampun | katur surat wus dèn tampani | dinangu dutanira | Toyamas Tumênggung | pangeran ajrih ambuka | sigra têdhak sowan mring kang raka aglis | Pangeran Purubaya ||

7. ngaturakên sêrat ingkang prapti | wus tinampan dhatêng ingkang raka | binuka sinuksmèng tyase | tur sêmbah pun Tumênggung | ing Toyamas katur ing gusti | bok ayu jêngandika | punika kêkintun | nyamping paningsêt lan dhêsthar | malihipun kawula atur udani | nagri dalêm Toyamas ||

8. binantonan Kumpêni ing mangkin | Kumpêni pêthak Kumpêni Islam | mila kawula ing mangke | kalangkung èwêdipun | dèn dhatêngi bala Kumpêni | lamun paduka karsa | nêdhaki pukulun | dhatêng nagri ing Toyamas | pan kagungan dalêm inggih siyang ratri | pun tumênggung sumôngga ||

9. lawan malih kawula tur uning | atur

--- 117 ---

pemut yèn Kumpêni benjang | sêdhêng aso pamukule | ing paduka pukulun | yèn paduka kasoran jurit | sampun ping kalih marga | mêdal Watubarut | mêndhêta margi kang wetan | ingkang anjog ing Panjêr dhangan sakêdhik | wau duk amiyarsa ||

10. Pangran Purbaya kalangkung runtik | wusnya titi surate binucal | kang rayi atur sêmbahe | paran karsa pukulun | punapa gih kula mangsuli | kang raka angandika | iya sak karêpmu | yèn sira ngêtog maring wang | wong mêngkono apa gawe dèn wangsuli | gawe kisruh ing lampah ||

11. nulya undhang Pangran Purbaya glis | ing prajurit sami prayitnaa | kang rayi tinuduh age | atêngga bitingipun | Karangnôngka dhusun dèn goni | pacak baris santosa | sigra awotsantun | Pangeran Mangkukusuma | mring kang raka Pangran Purbaya anênggih | budhal sawadyanira ||

12. prapta Karangnôngka pasang rakit | pra prajurit kang samya adharat | pinatah jro biting kabèh | ing kering kananipun | kêkapalan têtindhih mantri | wuwusên ing Toyamas | wau Dyan Tumênggung | Yudanagara kalawan | Ônggawôngsa rêmbage pan sampun dadi | kumêndhan kalihira ||

13. nganti angsul-angsul nora prapti | têlung dina sigra atangara | badhe amukul yudane |

--- 118 ---

Pangran Purbaya wau | Pangran Mangkukusuma kalih | lan Suryadi katiga | budhal kang wadya gung | Dyan Tumênggung Ônggawôngsa | munggèng ngarsa Kêrtawijaya Ngabèi | ingkang darbe pun Rema ||

14. sinambungan prajuritirèki | wong Banyumas aran wong Kadipan | samya wong Bali Bulèlèng | patang puluh pêpitu | gat-inggatan saking Batawi | asikêp tumbak benang | sami ponthang pitu | Kumpêni ing wurinira | ing wurine Yudanagara nindhihi | Dhaluhur Pasir Ngayah ||

15. wus tinuduh mêndhêma wanadri | nyêgatana nyêkuthak mrih rusak | kawusa gêmpala tyase | wauta lampahipun | biting Karangnôngka kaèksi | bêndhe munya sauran | surak awor tambur | Dyan Tumênggung Ônggawôngsa | majêng nisih ambukak bala Kumpêni | lan prajurit Kadipan ||

16. maju rampak lawan wong Kumpêni | dyan tumênggung pangawat tinunjang | kang têngên sêmpal wus gègèr | sinêrot wus malêduk | wus tinilar tumênggung aglis | majêng ngidul saksana | pangawate kidul | wong Banjar Mrêdèn katunjang | sampun dhadhal wau kang bala Kumpêni | rame campuhing yuda ||

17. wong Kadipan samya ngungkih biting | lan Kumpêni ngêdrèl datan kêndhat | Kumêndhan Rèke lan Markèt | kalih sami angamuk | maksih

--- 119 ---

panggah kang anèng biting | Pangran Mangkukusuma | lan sawadyanipun | kantun sapalih kang dharat | kang turôngga wus dangu dhadhal kang ngungsi | atilar gustinira ||

18. Pangran Suryadikusuma nênggih | nora tahan ingêdrèl Walônda | tan awani rok prang rèrès | tilaring arinipun | Pangran Mangkukusuma maksih | Tumênggung Ônggawôngsa | saking lèr anêmpuh | wadya ngobrak-abrik jagang | Dyan Tumênggung Ônggawôngsa sigra manjing | lan wonge tigang dasa ||

19. dyan tumênggung marpêgi ngêntosi | nguwuh-uwuh Kadipan manjinga | pangeran êntèk balane | pangeran nolih wau | ngalèr dipun ajêngi bêdhil | giwar sawadyanira | sanjatane ucul | pêpatihe ingkang kêna | Pangran Mangkukusuma pisah turanggi | kudane wus kabandhang ||

20. kantun kalih dasa ingkang dasih | wong Banyumas angalingi samya | dèn lancangi Kumpênine | risak palajêngipun | kang ambujung sami ngèndêli | wong cilik angrêrayah | mring jro bitingipun | Pangeran Mangkukusuma | sapraptane kitha Pamarêdèn nguni | bitinge ingkang raka ||

21. salin sipat sawadyanirèki | kang tumingal gêmpal manahira | satus loke Kumpênine | samya ngênês tyasipun | nanging Pangran Purbaya runtik | môngka yèn kalaira |

--- 120 ---

kang raka rinêngu | Pangran Suryadikusuma | nora layak badhe dèn wadulkên benjing | mring Sunan Kabanaran ||

22. wusnya aso kang bala Kumpêni | Kumêndhan Rèke ngajak majênga | miwah ta Kumêndhan Rakèt | têngara sigra laju | wau Pangran Purbaya nênggih | nimbali pra bupatya | tinari prangipun | Tumênggung Tirtanagara | Cakrajaya lan Tumênggung Sawunggaling | Tumêngung Rêksapraja ||

23. dyan ingêlih namanira nênggih | nama Tumênggung Kartanagara | tinari sami ature | pikantuk wêdalipun | pranging jawi kobèt sakêdhik | pan botên sugih obat | amêmpên puniku | sawêg sami pirêmbagan | pacalange kang prapta atur udani | yèn mêngsah agêng prapta ||

24. sami gugup sagung pra bupati | nora kongsi akarya pangawat | mêdal sarêng campuh rame | kang môngka ngarsanipun | abdi dalêm kapilih pinggir | caruk lawan Walônda | rame yudanipun | Dyan Tumênggung Ônggawôngsa | anglancangi anunjang mingêr angering | lan kuda pitung dasa ||

25. Kyai Martawijaya Ngabèi | kuda sèkêt anunjang angambah | anusul Ônggawôngsa ge | tan taha ing panêmpuh | anon mungsuhira kaèksi | karoyêge gêgaman | tôndha riyonipun | kapilih pinggir rame prang |

--- 121 ---

wong Kadipan rampak nunjang lan Kumpêni | kang tinêrak piyambak ||

26. tangkêp wuri wong kapilih pinggir | arok rukêt ubêkaning aprang | mung kapal satus mungsuhe | saking têngên anglambung | duk tinêtêr pangerannèki | kang songsong sinanjata | kêna dhandhan payung | tugêl bêt tiba ing lêmah | Jêng Pangeran Purbaya lumayu gêndring | bala maksih rame prang ||

27. maksih ulêng wong kapilih pinggir | ana nguwuh yèn pangran wus dhadhal | prajurit sami anolèh | sinêrot lajêng mawut | niba tangi nusul ing gusti | ingusir kathah pêjah | benang tiga likur | tumbak benang awor bathang | wau pangran pinasangan anèng margi | ing piranti duk prapta ||

28. kinalatôka saking wanadri | dadya mawur binendrong sanjata | atanggon saragênine | lajêng samya akukuk | surak giyak ana kang bali | katulak saking wuntat | palayune bingung | pangerane nilap-nilap | karusakan kaponthal awor wong cilik | kèndêl pambêrêkira ||

29. anèng Kalisapèn pijêr sami | mèt bandhangan kèh wong kang kacandhak | nanging nora na pinatèn | kang pêjah pitung puluh | tigang dasa kang dèn bandani | tinakèn asalira | akèh warnanipun | angaku wong ing Mataram | ana Pajang Kêdhu Pagêlèn [Pa...]

--- 122 ---

[...gêlèn] sapalih | ana abdine lawas ||

30. wangsul marang ing Gumêlêm malih | Yudanagara lan Ônggawôngsa | Kumêndhan Rèke lan Markèt | duk kang mêntas ing unggul | ing ayuda gantya winarni | Pangeran Purubaya | wau kèndêlipun | ing Gêgombong bumi desa | sakarine kang wadya apacak baris | lan sagung pra bupatya ||

31. para mantri prapta ting sarêndhil | saking kaplajar saking singêdan | lan prajurit kapilihe | ngulicir praptanipun | pangran langkung ngungun ing galih | waune tan kèngêtan | langkung supenipun | dinangu kancane pêjah | tiga likur sakawan ingkang sragêni | waos cêmêng sakawan ||

32. ingkang kathah kanca angêmasi | gangsal wêlas ingkang numbak benang | kadangon ing prang rukête | tan wontên kang têtulung | yèn wontêna ingkang nulungi | kula maksih kaduga | ngundurêna mungsuh | maksih awrat duk Patidhar | duk Patanjung atusan mungsuh Kumpêni | punika kadar pira ||

33. garundêlan bali winatawis | wong Pagêlèn prange nora layak | mung siji kang bêcik prange | kang maksih tumut mungsuh | Ônggawôngsa lan sawadyèki | wong samene binêdhag | palayune mamprung | wau ta kang kawuwusa | ingkang lagya sungkawa Pangran Suryadi | kêni ing

--- 123 ---

rêraosan ||

34. arsa kesah tundhuk mring Kumpêni | nêdha pêthuk Tumênggung Toyamas | prapta duta lan surate | Dyan Ônggawôngsa rêmbug | lan Kumêndhan Rèke nujoni | Kumêndhan Markèt rêmbag | angaturi mêthuk | prasamya mêthuk colongan | wus kapêthuk wau Pangeran Suryadi | binêkta mring Toyamas ||

35. wus utusan marang Petor Têgil | tur uninga sampun panarima | Pangeran Suryadi mangke | lajêngêna dèn gupuh | maring Têgal laju Samawis | samana wus binêkta | praptanirèng dangu | anèng nagari ing Têgal | lajêng maring Samarang linajêng maring | dhatêng Selong binucal ||

36. ya ta wau dyan tumênggung kalih | Yudanagara angêrig bala | angundhangi panêkare | badhe panglurugipun | apan dhatêng Pagêlèn malih | samakta sadhiyanya | gêgaman wus kumpul | budhal wau lampahira | maksih jrone ing wulan Ruwah kang sasi | dadya panganjur lampah ||

37. Kartawijaya Mas Angabèi | Mantri Ngrema nulya sinambungan | Tumênggung Ônggawôngsa | bala Kumpêni pungkur | pan anggamêng lampahing baris | nulya wadya Toyamas | kang nindhihi pungkur | Tumênggung Yudanagara | sabalane lampahira nulya prapti | bitingan Karanganyar ||

38. rêrêp dalu enjinge lumaris |

--- 124 ---

datan ewah rakiting lumampah | praptèng bumi ing Remane | kèndêl pan cêlak mungsuh | Pangran Purubaya winarni | lami dènnya miyarsa | yèn Kumpêni rawuh | samakta tata prayitna | masang rakit pangeran kalih dhadhani | pangawate kang kiwa ||

39. Dyan Tumênggung Cakrajaya nguni | sakancane mantri numbakanyar | dene pangawat têngêne | sakancane tinuduh | Dyan Tumênggung Kartanagari | lan sagung kang gêgaman | mantri tuwaburu | wau kumêndhan kalihnya | Rèke Markèt sami anata prajurit | dhadha miwah pangawat ||

40. kang dhadhani prajurit Kumpêni | lawan Tumênggung Yudanagara | ingkang pangawat têngêne | apan ta Dyan Tumênggung | Ônggawôngsa sawadyanèki | kiwane Kandhuruhan | Pasir Dhayah luhur | sigra nambur majêng lampah | Dyan Tumênggung Ônggawôngsa andhingini | dènnya wus gambuh ing prang ||

69. Gambuh

1. kapalan pitung puluh | ngrêmpêl akaton kêdhik dinulu | mungsuh mojar iya babo sapa iki | mung ngarêmpêl baturipun | dubilah têka amoncol ||

2. cêmêng turangginipun | pun simbar manik agêng aluhur | pan sumêblak tanggon tangkêping ajurit | dyan tumênggung anèng ngayun | kang cêlak sami waspaos ||

3. yaiku dyan tumênggung | katara nyêkêl bêdhil nèng

--- 125 ---

ngayun | balimbingan dèn ikal nginggil turanggi | sami gêmpal manahipun | hoyag barise duk tinon ||

4. pan wontên tigang atus | wau pangawat kapalanipun | Ônggawôngsa mung pitung puluh turanggi | parandene wani nêmpuh | sarêng nabêt kuda nêrot ||

5. saking wruh bobotipun | mungsuh sanadyan pangeranipun | wus ping lima dènira nadhahi jurit | wus kawruhan budinipun | nora mantêp ing palugon ||

6. mungsuh bendrong bêdhil gung | pambêdhilira gugup sru kuwur | gya winalês satunggil mantrine kêni | niba ingkang kari mawur | sêmpal pangawate pêdhot ||

7. bêbujung dyan tumênggung | sawadyanira mung pitung puluh | malih tandhing dèn apit dadi angapit | wau dènira bêbujung | dyan tumênggung sampun adoh ||

8. mingêr angalèr gupuh | nuntên mangilèn mêdal ing pungkur | wong Kumpêni pan maksih rame ajurit | Yudanagara Tumênggung | katon solahe saking gon ||

9. parigêl ing prang pupuh | wira-wiri angalor angidul | angampingi yudane bala Kumpêni | ngangsahakên balanipun | prasamya ngangsêg kumroyok ||

10. drèlira gumarudug | bêdhil-binêdhil surak gumuruh | maksih kathah pangeran balanirèki | dene kêdhik mungsuhipun |

--- 126 ---

tumênggung prapta nêrambol ||

11. bêdhili saking pungkur | pangeran kagèt sabalanipun | sami mawur pangeranira anggêndring | Kumpêni kèndêl tan bujung | Tumênggung Gawôngsa ngodhol ||

12. ngalèr ngetan binujung | sarwi binêdhilan saking pungkur | ting kacècèr prajurite akèh kêni | pambujunge dyan tumênggung | lan Kumpêni sampun adoh ||

13. mungsuh nolih ing pungkur | yèn adoha lan Kumpêninipun | sami wangsul pangerane angundhangi | tambur bêndhene angungkung | prajurit wangsul samya lok ||

14. payo idêgên iku | amung sathithik samono iku | mangsah sarêng pangeran ingkang nindhihi | Dyan Ônggawôngsa Tumênggung | kinarubut ing prang popor ||

15. jipat pan ginarubuh | nora kayoman sabala mundur | mundur miring nadhahi bêdhil-binêdhil | prapta kilèn larenipun | dyan tumênggung sigra mogok ||

16. lalarenipun agung | tumbak-tinumbak pan ora gaduk | amung bêdhil punika kang maksih urip | arame prang bêdhilipun | lan urip lakuning towok ||

17. rèrèh pambêdhilipun | ingkang wetan têlas obatipun | ingkang kilèn durung têlas obatnèki | tan kêndhat pambêdhilipun | mungsuh wetan mundur alon ||

18. kumêndhan [ku...]

--- 127 ---

[...mêndhan] kalihipun | wau miyarsi bêdhil gumuruh | ajidane ingutus kinèn ngaturi | Dyan Ônggawôngsa Tumênggung | aja prang dhewe mangkono ||

19. tumênggung sigra mundur | dhasar mungsuhe wus padha mundur | dyan tumênggung lan ajidan gya lumaris | têtabean praptanipun | kumêndhan tansah nênutoh ||

20. pundi palayonipun | inggih andhêge wau kang mungsuh | dyan tumênggung alon dènira nauri | kèndêl dhusun Jamberumput | anèng ngriku amakuwon ||

21. Kumpêni unduripun | ngupaya papan ingkang pikantuk | dhusun Wanasigra kang dèn pakuwoni | aparêg ing lèpèn agung | sigra pacak biting manggon ||

22. rajêgira galugu | wong Kumpêni dene ingkang kidul | Dyan Tumênggung Banyumas kang dèn bubuhi | wetan Gawôngsa Tumênggung | Ngabèi Ngremo kang kulon ||

23. dalunipun tinukup | kang ngirid maling para tumênggung | ingkang wetan jinujug ing têngah wêngi | lajêng bêdhili gumrudug | katulak jro sami tanggon ||

24. winalês bêdhil agung | sigra ngurugan sanjata mawur | mungsuh ngisis winêton binêrêk sami | akèh kang kacandhak lampus | palajêngira wus adoh ||

25. prapta pakuwonipun | barisan agêng ing Jamberumput | sami ngungun nênukup kasoran jurit |

--- 128 ---

mèh prapta ing Jamberumput | dènira wangsul kang mungsoh ||

26. kunêng ingkang winuwus | duta Pangran Purubaya wau | angaturi uninga kasoring jurit | saking Pamardèn prangipun | mring kang raka jêng sang katong ||

27. sapolah tingkahipun | asor ungguling aprang wus katur | langkung duka kang raka sri narapati | nanging sinimpên ing kalbu | sinamun datan kawiyos ||

28. milane kang dèn utus | ngandhêg anèng ing jroning praja gung | angantosi Pangeran Mangkunagari | kinèn mariksaa iku | ing paman prang anggung kasor ||

29. sang nata sigra tuduh | gandhèk lêlancaran lampahipun | animbali Pangeran Mangkunagari | prapta tan kalilan cucul | lajêng amanjing kadhaton ||

30. praptane pura sampun | wusnya ngabêkti ing rama prabu | inguncalan sêrat Pagêlèn kang prapti | winaos sarwi gumuyu | dene sabên aprang kawon ||

31. nuju kang wontên ngayun | Adipati Janingrat Matarum | lawan Radèn Dipati Suryanagari | wusnya maos suratipun | pangeran nêmbah turnya lon ||

32. paran karsa pukulun | pan rayi dalêm tiwas kalangkung | ngrêrubêdi inggih kinanthi ing jurit | bawah rong lêksa nêmèwu | ing ayuda nora jegos ||

33. yèn sêmbada pukulun | gih

--- 129 ---

pun Paman Purbaya puniku | kakêrsakna dadosa lêlurahnèki | wong Suranata pukulun | sinabin satus kemawon ||

34. ing prang paduka pangku | bilih makatên darbea purun | yêkti ajrih tilara ing paduka ji | pinisah tan dadi batur | ing ayuda langkung amoh ||

35. mungsuh Walônda têlu | nungsang jêmpalik palayunipun | ing Pagêlèn punika lêrêsing pikir | botên ngangge bol kacendhul | paman dipati kemawon ||

36. Suryanagara purun | mungsuh lan Raja ing Bulupitu | Ônggawôngsa Tumênggung asline cilik | jênêng nyêndhal buru butuh | sikêp ngangsu mikul lodhong ||

37. Paman Purbaya iku | dêstun abêtah imul jalêbut | Ônggawôngsa mungsuhe dadak malêncing | kinggilên jangkah rumuhun | ing karsa paduka katong ||

38. awit karsa sang prabu | lamun Paman Purbaya gih sampun | anganciki ing Pagêlèn ingkang pasthi | kadya sagêda ambanjur | ing tanah Banyumas Lêdhok ||

39. miwah salajêngipun | pasisir Têgal mangetanipun | Pakalongan Kêndhal Batang Lèpèntangi | banjur Samarang kinêpung | yèn pangeran pan mêngkono ||

40. abdi dalêm pukulun | Suryanagara ing bobotipun | bêdhah ing Banyumas balela nglakoni | yèn jamak-jamaka iku |

--- 130 ---

pra pangran kang duwe bobot ||

41. ngandika sang aprabu | mangkonoa manèh iya kulup | yèn bêcika jênênge wong tuwa iki | dèn tutakên kadangipun | tan dèn bakali dadi wong ||

42. sapa ta kang anêmu | wêwinih bawah samono iku | sira kulup lan ingsun manggiha dhingin | bawah têlung lêksa iku | sêsasi bae angradon ||

43. puluh-puluh ta kulup | winawas ing tyas padha pinupus | dikèhana sarêngên mundhak akanji | yèn eling anaking ratu | kang jamak ora mangkono ||

44. pinaring suratipun | saking kang raka prabu wêwangsul | dutanira mantri kalih kinèn mulih | marang ing Pagêlèn gupuh | amundhi nawala katong ||

45. datan kawarnèng ênu | praptèng Pagêlèn carakanipun | langkung sigra mangilèn lampahirèki | praptèng baris Jamberumput | tur surate raka katong ||

46. tinupiksa sratipun | ragi dêduka paworing têmbung | ngolok-olok hèh ta Purubaya Yayi | èngêta sutaning ratu | trahing prajurit kinaot ||

47. dudu anaking jagul | elinga yèn sira kadang ingsun | Mangkubumi iki ora wêdi mati | jêr eling sutaning ratu | undhagi surèng palugon ||

48. lamun trahing Matarum | upa-jiwane kang dadi luhur | datan [da...]

--- 131 ---

[...tan] ana liyane amangun jurit | wong tani garu maluku | sudagar dagang lungandon ||

49. yèn trah Mataram iku | nora wani mati nèng prang pupuh | sayêktine kapiran uripirèki | pasthine saturunipun | turun pisan tabokan wong ||

50. turun ping têlu mikul | wong nora idhêp gawene iku | tanpa brata uripe prasasat mati | kapindho durakèng ngèlmu | kasiku dening Hyang Manon ||

51. wong kang wêdi ing lampus | angumpêtakên ing umuripun | umur iku wêwatêse wus pinasthi | yèn parêk ing ajalipun | tan kêna ginawe adoh ||

52. yèn adoh ajalipun | ingêlêbana gêgaman sèwu | tanpa rowang yèn durung watêse prapti | wong siji ngamuk wong sèwu | tan mati akèh kalakon ||

53. ana wong duwe catur | duk yayi mas maksih nèng praja gung | mendahane ya Pangeran Rôngga iki | miluwa murwèng prang pupuh | ngungkuli ing raka katong ||

54. mêngko nora tinêmu | ing besuk apa tinêmunipun | liwat têmên ing pangarêp-arêp mami | wajibe ing kadang sêpuh | ginajulan kadang anom ||