Sastra Jawa

Program Digitalisasi Sastra Daerah

  • Increase font size
  • Default font size
  • Decrease font size

Babad Giyanti, Budi Utama, 1916-18, #982 (Jilid 4/2)

Katalog:Babad Giyanti, Budi Utama, 1916-18, #982
Sambung:
1.Babad Giyanti, Budi Utama, 1916-18, #982 (Jilid 1/1). Kisah, Cerita dan Kronikal | Babad Giyanti #1082.
2.Babad Giyanti, Budi Utama, 1916-18, #982 (Jilid 1/2). Kisah, Cerita dan Kronikal | Babad Giyanti #1083.
3.Babad Giyanti, Budi Utama, 1916-18, #982 (Jilid 2/1) . Kisah, Cerita dan Kronikal | Babad Giyanti #1084.
4.Babad Giyanti, Budi Utama, 1916-18, #982 (Jilid 2/2) . Kisah, Cerita dan Kronikal | Babad Giyanti #1085.
5.Babad Giyanti, Budi Utama, 1916-18, #982 (Jilid 3/1) . Kisah, Cerita dan Kronikal | Babad Giyanti #1086.
6.Babad Giyanti, Budi Utama, 1916-18, #982 (Jilid 3/2) . Kisah, Cerita dan Kronikal | Babad Giyanti #1087.
7.Babad Giyanti, Budi Utama, 1916-18, #982 (Jilid 4/1) . Kisah, Cerita dan Kronikal | Babad Giyanti #1088.
8.Babad Giyanti, Budi Utama, 1916-18, #982 (Jilid 4/2). Kisah, Cerita dan Kronikal | Babad Giyanti #1089.

70. Sinom

1. Pangran Arya Purubaya | sawusira maos tulis | madêg suraning wardaya | sangêt dukane raka ji |

--- 132 ---

nimbali pra bupati | para mantri praptèng ngayun | pangeran angandika | ingsun iki dèn dukani | dene abêr wong Pagêlèn yudanira ||

2. Kakang Prabu Kabanaran | dukane yayah sinipi | kalah lan Si Ônggawôngsa | jalêbut bêtah ing isin | kabirènana sami | Bupati Pagêlèn iku | padha bangsane kalah | tan ana gawene urip | Pangran Purubaya sigra paparentah ||

3. mêngko ingsun magut ing prang | kêrigên sapungkur mami | tan kêna jarane suda | sudukan parentah mami | payo kinêpung sami | biting Wanasida iku | pra bupati sandika | miwah ingkang para mantri | atêngara bêndhene munya sauran ||

4. tambure adhêrandhangan | ambarung kang Carabali | gêgaman samakta aglar | abra busanèng prajurit | wau pangeran kalih | budhal saking Jamberumput | gêgaman kang pangarsa | prajurit ing Rema sami | pangiride Tumênggung Kartanagara ||

5. Dyan Tumênggung Cakrajaya | ing wurine kang nambungi | Panji Gêdhong wurinira | Dyan Tumênggung Sawunggaling | Tambakbaya nambungi | pangeran kalih nèng pungkur | prajurit kang turôngga | kalih èwu winatawis | kêrigane dèrèng samêkta sadaya ||

6. akathah kang dèrèng prapta | kêrigane kang prajurit | ing

--- 133 ---

rêmbag pan sampun dadya | yèn badhe angêpung sami | biting Ngunggahan katri | kang kulon wetan myang kidul | êlor ginawe topang | yèn mungsuh kasor ing jurit | pan kinarya marga ing palayunira ||

7. prapta wetan Wanasida | angilèn lampahirèki | mêdal sakidul bitingan | Tumênggung Kartanagari | prapta sakilèn biting | nuntên ngetan lajêng ngidul | Tumênggung Cakrajaya | praptane sakidul biting | lajêng ngalèr kang wetan pangeran prapta ||

8. sarêng kukuk sarêng nunjang | apan wong sajroning biting | sami amasang darebas | nadhahi saking jro biting | rame dènira jurit | masang wetan kulon kidul | gumuruh bêbêdhilan | surake mawanti-wanti | kadya guntur surake mungsuh lan rowang ||

9. tumênggung kalih manggala | anjênêngi ing ajurit | nancêpakên songsongira | munggèng saluhuring biting | pangeran marêpêki | kinalataka sinungsun | pangeran dèrèng obah | angêdhangkrang payung kuning | sami mèsêm bupati kalih rêrasan ||

10. kadingarèn ya pangeran | baya kasurupan iki | dene ta atêtêk mana | nora obah dèn bêdhili | kang raka anauri | punika watawisipun | inggih môngsa têbiha | kadhawuhan srat rêruntik | mring kang Raka [Ra...]

--- 134 ---

[...ka] Sri Bupati Kabanaran ||

11. Tumênggung Yudanagara | wuwuse anyalawadi | kakang lamun mangkonoa | môngsa mantêpa ngajurit | dede tyase pribadi | nanging tyas sêlangan iku | inggih lamun rêmbaga | kumêndhan kula wêdali | yun uninga wong agung antêp ing aprang ||

12. Dyan Tumênggung Ônggawôngsa | alon dènira nauri | yèn pun adhi mratelakna | marang kumêndhan kêkalih | môngsa rêmbaga ugi | amit mêtune prang pupuh | dene saya akathah | wadyane pangeran kalih | wong Pagêlèn kêrigane sami prapta ||

13. Jêng Pangeran Purubaya | parentah mring pra bupati | karya bètèng lêlumbungan | tumandang kang para mantri | ngangsêg kalawan biting | swaraning bala gumuruh | bêndhene asauran | wetan kulon kidul sami | swaranira kadya kongkang kajawahan ||

14. kêrigan andina prapta | wadyane pangeran kalih | kabèh wong Pagêlèn ômba | lêksan wong kêrigan sami | ngêpung ingkang bêbiting | nêng Wanasida puniku | kêmput pangêpungira | amung lèr kang dèn lowongi | wong Banyumas minggat sinungan dêdalan ||

15. sabên dina bêbêdhilan | jro biting sajaban biting | wong jro biting kasusahan | alami kinêpung kikis | tan antuk ngambil bukti |

--- 135 ---

wong sikêp pangaridipun | lamun mêdal utusan | sapraptanira ing jawi | lajêng minggat sami buwangi karanjang ||

16. sabên dina kagegeran | kulon kidul sami ngrampit | ngajêng-ajêng bantunira | gung utusan marang Têgil | anêdha bantu aglis | lamun barise kinêpung | Kumêndhan Rèke lawan | Kumêndhan Markèt gung sêdhih | yata kunêng nênggih wontên surat prapta ||

17. saking Petor ing Têtêgal | kumêndhan sami amanggil | tumênggung kalih wus prapta | ingulungan sêrat jawi | kang saking Petor Têgil | tinupiksa têmbungipun | wontên bêbantu prapta | mayore langkung sinêkti | Mayor Obrus saking nagri Batawiah ||

18. tan lami anèng Samarang | mangkya wus prapta ing Têgil | bêkta satus kalih wêlas | drahgundêr ingkang turanggi | sawidak dharatnèki | Kumpênine Islamipun | pan satus tigang dasa | kalawan kang pra bupati | ing Barêbês satunggil Têgil têtiga ||

19. marentahi mantrinira | wau tumênggung kêkalih | sami karya pamondhokan | kêstale prasami kardi | wau kang para mantri | sami nambut karyanipun | duk angsal tigang dina | kang pondhokan sampun dadi | wontên duta praptane saking Banyumas ||

20. duta ngaturi uninga | praptane Mayor Obrusting | Sulambèr

--- 136 ---

Kapitanira | sami prajurit linuwih | gêgaman pra bupati | langkung saking tigang èwu | sèwu ingkang sanjata | kalih èwu waosnèki | tumpêr ring astilitwi cêmêng lan benang ||

21. kathah prajurit Makasar | angkate sadintên benjing | saking nagari Banyumas | mangkana tumênggung kalih | lan kumêndhan kêkalih | pirêmbagan kang amêthuk | Tumênggung Ônggawôngsa | sapanêkar para mantri | tan kawarna ing dalu wuwusên enjing ||

22. apan sami pirêmbagan | cinacah ingkang turanggi | kang prajurit kalih bêlah | mêdale saking ing biting | kori lèr dèn margani | prapta jawi kilèn sampun | baris mêngsah tinunjang | rame campuh ing ajurit | pan tinundha lor kidul ing prang sumahab ||

23. kang kidul dalêdêg samya | angilèn sami nututi | gumuruh surak wurahan | Tumênggung Ônggawôngsa glis | ngalèr mèt papan kêdhik | tinut wuri gya pinukul | rame dènira aprang | adangu bêdhil-binêdhil | kawuwusa Kumpêni ingkang lêlampah ||

24. mirsa swaraning sanjata | rinikat dènnya lumaris | pangarsa Bupati Têgal | lawan drahgundêr sapalih | mêdal margi wanadri | lajêng anungkêpi mungsuh | ambendrongi sanjata | kang mêngsah pinêlak sami | karepotan wong Rema kathah kang pêjah ||

25. pinêlak [pinêla...]

--- 137 ---

[...k] malih ingidak | tinungkêban kanan kering | rusak akathah kang pêjah | upisir pêjah satunggil | tinumbak saking wuri | dènira nglancangi mungsuh | Tumênggung Ônggawôngsa | pangamuke ngowak-ngawik | anggêlasah bosah-basih ingkang rêbah ||

26. kang kari balêdug giwar | sasaran mawur angisis | wangsul Kumpêni sadaya | Mayor Ubrus sampun manjing | marang sajroning biting | Kumpêni drèl kalaganjur | tumênggung ing Banyumas | mêthuk têtabean sami | pra tumênggung lan kumêndhan kalih pisan ||

27. sampun tata pamondhokan | sagung bupati pasisir | nèng loji sami salaman | Mayor Ubrus paring tulis | sangking Dêlèr Samawis | sakawan sêrat puniku | kumêndhan kalih lawan | bupati kalih nyatunggil | duk binuka Dyan Tumênggung Ônggawôngsa ||

28. ing mangke karsa narendra | kang mêdal Idlir Samawis | Dyan Tumênggung Ônggawôngsa | pinaring panrima aji | wit wantêring ajurit | sêtya tuhu maring ratu | nama lama rinucat | ginanjar ing sri bupati | santun nama Dyan Tumênggung Arungbinang ||

29. Mayor Ubrus paparentah | lamun kumêndhan kêkalih | Rèke Markèt tinimbalan | marang nagari Samawis | minggah kapitan sami | katrima pakaryanipun | dene ta ingkang dadya | sêsulihing [sêsulih...]

--- 138 ---

[...ing] senapati | pun Kapitan Salêmbèr gagah prakosa ||

30. wau undure kang mêngsah | Pangeran Purbaya tuwin | Pangeran Mangkukusuma | miwah kang para bupati | rêmbag tinilar sami | pambitingan Jamberumput | ngalih dhatêng Rêrambak | nêbihi baris Kumpêni | bumi Watês Pagêlèn miwah ing Rema ||

31. Mayor Ubrus atêtanya | mangke mungsuh wontên pundi | Dyan Tumênggung Arungbinang | alon dènira nauri | mêngsah sampun anêbih | nèng Rêrambak barisipun | bumi Rema kang wetan | Mayor Ubrus angling malih | dipun enggal linurugana kang mêngsah ||

32. sigra undhang saha bala | wau bupati kêkalih | tuwin Kumpêni parentah | Kapitan Salêmbèr nênggih | tinuding magut jurit | lan drahgundêr patang puluh | satus Kumpêni Islam | tigang dasa dharatnèki | pra Bupati Têgal Barêbês Paliyan ||

33. Dyan Tumênggung Arungbinang | kang môngka manggalèng jurit | kalawan Ngabèi Rema | Kumpêni Islam nambungi | nulya bala Kumpêni | Salêmbèr pangiridipun | wuri pasisir samya | asri busanèng prajurit | kawuwusa kang baris nawung asmara ||

71. Asmaradana

1. barise pangeran kalih | lawan sagung pra bupatya | sampun miyarsa wartane | lamun Kumpêni anglarag |

--- 139 ---

pangirid kang ambêkta | Dyan Ônggawôngsa Tumênggung | ing mangke pinaring nama ||

2. mila mindhak gêng kang galih | ran Tumênggung Arungbinang | ing ayuda manggalane | ênggène pangawat kanan | Kumpêni munggèng dhadha | kang pangawat kiwanipun | sawadya Ngabèi Rema ||

3. wong pasisir anèng wuri | rumêksa Kumpêninira | gangsal atus sanjatane | mêngsah kang nglarag punika | cacahing kang kapalan | botên langkung pitung atus | kalih èwu kang adharat ||

4. wus têlas ature têlik | pangeran asru ngandika | batur iki ing cacahe | prajurit ingkang turôngga | tigang èwu sadaya | dharat ana limang èwu | dubilah pagene kalah ||

5. tandhinge apit sayêkti | payo padha ngantêp ing prang | kang wadya atur sêmbahe | inggih suwawi bandara | sami saur kukila | tinata pangawatipun | ingkang kiwa Cakrajaya ||

6. kang têngên Kartanagari | turangganira tinata | pangeran kalih dhadhane | têpung pangawat lan dhadha | saking gunging gêgaman | ra-ara dhêndhêng ngêndhanu | turôngga apindha karang ||

7. tan dangu mungsuh kaèksi | katon untabing gêgaman | anggamêng doh wêkasane | Kapitan Salêmbèr mulat | panggabage kang mêngsah | nèng êndi bapak tumênggung | têtêmua [tê...]

--- 140 ---

[...têmua] lawan ingwang ||

8. dyan tumênggung dèn aturi | tan adangu praptanira | mojar Kapitan Salêmbèr | inggih kadi pundi bapak | mungsuhira akathah | punapa antuk bêbantu | saking nagri Kabanaran ||

9. duk prang Wanasida nguni | botên samantên kang mêngsah | dyan tumênggung lon saure | rumiyin nèng Wanasida | mêngsah baris martiga | kang tuwan prangi rumuhun | kang kidul kilèn sadaya ||

10. wetan tuwan tan udani | puniki dadya satunggal | milane samantên kèhe | têlik kula ingkang warta | tan wontên bantu prapta | sampun susah yèn puniku | kula wruh boboting aprang ||

11. botên ambôndakalani | yèn ta sampuna bêndara | puniku Pangran Kokodhèn | kêrêp aprang lan kawula | prandene dèrèng uga | bêbayani yudanipun | luwang kang wus kalampahan ||

12. lamun Sunan Mangkubumi | balaa satus kewala | kula lungani kemawon | botên kêna tinadhahan | lamun Pangran Purbaya | wuwuha malih puniku | inggih mung lilihe anak ||

13. kula gitike rumiyin | pangawate ingkang kanan | sok sêmpala pangawate | adate katut kewala | botên darbèni kêkah | Kapitan Salêmbèr jêtung | lah inggih sakarsanira ||

14. dyan tumênggung [tumêng...]

--- 141 ---

[...gung] ngidul malih | anunggili balanira | miwah mantri panêkare | wontên kuda kalih bêlah | tumênggung anèng ngarsa | milihi wadya kang purun | pantês binakta mangarsa ||

15. sawêg anata prajurit | mungsuhe wus katon hoyag | ingkang cinipta luwange | dyan tumênggung yèn ayuda | wantêr nora pasaja | dadya kuda pitung puluh | ingkang ginawa nèng ngarsa ||

16. jangji sarêng anyamêthi | ngikal bêdhil balimbingan | sarwi ngêlih camêthine | ênggone nèng ngarsa pisan | ngabani bala sigra | lumampah ririh rumuhun | amarani goning mêngsah ||

17. mungsuhe alok ambêdhil | pambêdhile nora tata | têtela gêmpal atine | Dyan Tumênggung Arungbinang | mangsit nyamêthi kuda | ingkang wadya pitung puluh | sarêng dènnya nyabêt kuda ||

18. tinunjang malêdug sami | ambêdhil sarwi lumajar | radyan tumênggung balane | kang wuri nusul sadaya | Tumênggung Arungbinang | wus têbih gènya bêbujung | mingêr ngajêngkên pangeran ||

19. pangeran nolih ing wuri | katon pangawate sêmpal | lan Arungbinang praptane | ngikal bêdhil balimbingan | gègère manah gêmpal | barise mawur sumawur | Kumpêni ngangsêg abayak ||

20. saking wuri bendrong bêdhil | sangsaya giris lumajar | anggêrus sirna

--- 142 ---

barise | kuda ewon tanpa karya | kadya anggiring sangsam | wong siji mungsuh sapuluh | kang sapuluh kadhungsangan ||

21. wus têbih dènira ngungsir | Dyan Tumênggung Arungbinang | miwah Kapitan Salêmbèr | sami kèndêl abêbandhang | watawis saonjotan | kapitan suka gumuyu | bênêr ujare si bapak ||

22. têlik ingkang atut wuri | praptane atur uninga | pangeran kêndêl Kabumèn | badhe bêbiting santosa | pinggir lèpèn Luk Ula | ngupaya ingkang tarêjung | ingkang santêr toyanira ||

23. sami mundur angampiri | têlas baris ing Rêrambak | lajêng mring Wanasidane | prapta mèh sirêping surya | lajêng mring loji samya | wus panggih lan Mayor Obrus | tumênggung lawan kapitan ||

24. katur solahing ajurit | tuwan mayor langkung suka | katur wontên ing Kabumèn | mêngsah pacak pabitingan | Mayor Obrus lingira | benjing yèn wus pitung dalu | dawêg sami pinurugan ||

25. tumênggung mangsuli inggih | badhe ngundhangi kang wadya | bêrêg mungsuh nèng Kabumèn | wadya gung sami samêkta | kunêng ing sawusira | prapta ing samayanipun | budhal sagunging gêgaman ||

26. kang môngka cucuking jurit | Dyan Tumênggung Arungbinang | lawan sakônca mantrine | sumambung Ngabèi

--- 143 ---

Ngrema | sinalusup Walônda | drahgundêre patang puluh | lan sawidak Kumpêni Slam ||

27. nuli ing wuri nambungi | Tumênggung Yudanagara | sawadya kônca mantrine | nulya munggèng wurinira | Mayor Obrus sawadya | pasisir para tumênggung | gêgaman awarna-warna ||

28. kadya kang prawata gêni | saengga palasèng padma | wontên mêngsah panganjure | cacah nêmatus turôngga | mapan panggenanira | wontên dhusun Jêruk Gulung | tumingal mungsuh gêng prapta ||

29. sauran bêndhe tinitir | Dyan Tumênggung Arungbinang | lawan Kapitan Salêmbèr | anandêr sami turôngga | kalih atus watara | tan taha panunjangipun | mungsuh mawur amra tiga ||

30. Salêmbèr têtanya aris | bapak mênggung paran karsa | mungsuh makatên tingkahe | dyan tumênggung aris mojar | mungsuhe masang gêlar | binalèkkên gêlaripun | wong gawe gêlar-ginêlar ||

31. tiru wong Pajang Matawis | anak môngsa gêdadèna | kaya kula wong Pagêlèn | gih anak môngsa mantêpa | lan môngsa talatèna | angalèr ngilèn angidul | punika pikir kawula ||

32. desa gêng kilèn puniki | anak dhêdhêp jro pomahan | kula bêktani salawe | kêkalih mantri kawula | tunggal kalawan anak | kula samudana mlayu | kasusu kelangan [ke...]

--- 144 ---

[...langan] anak ||

33. mêsthi kula dipun ungsir | kula lumayu kewala | yèn kaliwat pamburine | anak anugêling têngah | sampun angangge taha | pan kula anuli wangsul | anjambak saking ing wuntat ||

34. mèsêm kapitan nauri | inggih bapak wus prayoga | sigra mangkat sabalane | aling-alingan padesan | dupi kapitan têbah | radyan tumênggung angidul | lampah kinarya gudandap ||

35. kadi wong kelangan lari | solahe katon amaras | sarwi alok payo-payo | Arungbinang kontung sira | mêngsah suka tyasira | pating barubul bêbujung | mring Tumênggung Arungbinang ||

36. kadya kaburu nututi | gumrah byuk pambujêngira | kadi kasusu gugupe | prapta gènira Kapitan | wau ingkang singidan | sigra mêdal saking dhusun | kang bujung tinugêl têngah ||

37. anambur sarwi ngêdrèli | cinakuthak mungsuh rusak | kang binujung bali kabèh | anungkêpi saking wuntat | kuwur kathah kang pêjah | ulêngan kadya tinumpuk | tan bisa malês anumbak ||

38. wolung puluh kang ngêmasi | miwah ingkang tatu kathah | gêgaman pating bacècèr | wong gêlar kêna ginêlar | tiru Pajang Mataram | yèn kasêlut wani ngamuk | wong Paglèn nangis kewala ||

39. kalih atus winatawis |

--- 145 ---

turôngga ingkang kabandhang | tumbak bêdhil tambuh kèhe | kang kèri tan rupa janma | gêgêluprut jêblogan | kang rikat palajêngipun | ing Kabumèn sampun prapta ||

40. binuru kuwalik-walik | samarga-marga kèh pêjah | nèng dhusun Soka kèndêle | kang lêlampah anèng wuntat | Mayor Obrus kalawan | pra bupati samya ngungun | samargi kathah pêpêjah ||

41. baris agêng sami prapti | nunggil anèng dhusun Soka | ing ngriku sami makuwon | Salêmbèr sami tinanggap | para upisir samya | sasolahira prang ngayun | dene sagung pra bupatya ||

42. samya takèn tingkahnèki | mring Tumênggung Arungbinang | galêthêg mênthêl yudane | tan rêkasa kèh pêpêjah | ing dalu pirêmbagan | Kabumèn gèn mungsuh agung | apacak biting santosa ||

43. têlike tumênggung prapti | pratela gunêming mêngsah | nadhahi badhe rêrêmpon | ingkang darbe kadang pêjah | ing prang wingi punika | kang sagah sami angamuk | Mayor Obrus atêtanya ||

44. hèh sudara kadi pundi | adate wong bôngsa Jawa | punapa ingkang kalakon | Dyan Tumênggung Arungbinang | alon ing saurira | tuwan botên adatipun | mung kandhêg lambe kewala ||

45. lamun wong Pajang Matawis | saujare kalampahan |

--- 146 ---

yèn bôngsa kula Pagêlèn | tuwan arang kalampahan | ing benjing-enjing tuwan | gih kula malih nèng ngayun | têka tuwan tingalana ||

46. Mayor Obrus angling malih | marang Tumênggung Banyumas | sudara paran pênêde | punapa gih benjang-enjang | wasisan pinurugan | punapa ing nganti besuk | Tumênggung Yudanagara ||

47. saure manis aririh | inggih punapa sakarsa | kula andhèrèk kemawon | anggêr tuwan wus sarêmbag | lan kang duwe nagara | punika Kakang Tumênggung | Arungbinang kang waspada ||

48. yèn mungguh nagari ngriku | tuwan isiha punapa | sayêkti kawruhan kabèh | Obrus manthuk sarwi mojar | Radyan Tumênggung Têgal | kadi paran budinipun | sami angaturna rêmbag ||

49. Tumênggung Têgal nauri | kang Tuwan Rêksanagara | sampun tuwan pindho gawe | rina wêngi mung sumôngga | botên susah anganyang | Kumpêni pan sami wêruh | tuhu lanang wong ing Têgal ||

50. kagyat kang samya miyarsi | durung ana wong mangkana | bupati wutah sumbare | ngilangakên kasujanan | dêstun sarunèng praja | kang mêntas muwus kêduwung | tumungkul dènira lênggah ||

51. Mayor Obrus marentahi | èstu nglarag benjang-enjang | amukul baris Kabumên |

--- 147 ---

ing dalu dènira undhang | kunêng wuwusên enjang | munya têngara gumuruh | budhal panganjuring lampah ||

52. bupati nayakèng aji | Dyan Tumênggung Arungbinang | lawan sakônca mantrine | ing wuri Ngabèi Ngrema | lan prajurit sadaya | sumambung Radyan Tumênggung | Yudanagara Banyumas ||

53. wurine bala Kumpêni | anggamêng abra markata | wurine pra bupatine | ing Têgal Barêbês Batang | pindha giri puspita | kadi wontên pitung èwu | ingkang prajurit kewala ||

54. lampahe yèn winatawis | sawêg angsal saonjotan | wus kapêthuk pacalange | bala Kumpêni ngundhangan | aja na sudi karya | wontên kuda pitung atus | kinèndêlakên kewala ||

55. lampahe samya dhingini | nginthar nanging nora têbah | amrih tinurut margane | ngapusi nèng Ngêmbêl samya | Tumênggung Arungbinang | datan nurut marginipun | amèt margi pêpucungan ||

72. Pocung

1. lampahipun wau gêgaman kang agung | prapta kilènira | ing Kabumèn pan kaèksi | bitingane kang mêngsah samya têngara ||

2. mulat lamun praptane kang mungsuh agung | bêndhe asauran | angrantêk kang Carabali | banderane pinanjêr luhur bitingan ||

3. sapangidul

--- 148 ---

panjêran banderanipun | wontên salawe prah | kang mêngsah sami ningali | pêpatute kaya wani rêmponing prang ||

4. lampahipun dyan tumênggung menggok ngidul | gêgaman sadaya | nurut kang dadya pangarsi | mungsuh ing jro sami mulat kang lêlampah ||

5. Kèndêl jêtung mangu-mangu Mayor Obrus | manggil kang sudara | kinèn wangsula duk prapti | ngarsèng Mayor Dyan Tumênggung Arungbinang ||

6. milanipun lampah sudara mangidul | mungsuh sampun cêlak | ênggène wetan puniki | têka ngidul inggih ngulari punapa ||

7. dyan tumênggung alon dènira amuwus | lagi kalih kêcap | Mayor Obrus gèdhèg angling | ambasêngut sarwi agoyang kapala ||

8. apa itu sobat Jawi takut mungsuh | jika takut aprang | baik adha blakang lari | saya dèngên soldhadhu yang adha mukak ||

9. dyan tumênggung nauri sumanggèng kayun | sintên kang tinêdah | ing lampah kang manganjuri | alon muwus wau Tumênggung Banyumas ||

10. sintên wêruh dalan ingkang gampang ewuh | kula wong Banyumas | dèrèng wruh jajahan ngriki | ingkang wêruh liya kang duwe nagara ||

11. gya sumaur ing Têgal para tumênggung | punika sayogya | tinut kang duwe nagari | tuwan mayor rinêbahakên [rinê...]

--- 149 ---

[...bahakên] ing kathah ||

12. kinèn laju wau rahadyan tumênggung | angidul kewala | mungsuh sami anyuraki | lampahira maksih alaju kewala ||

13. Mayor Obrus langkung kakuning tyasipun | manggil Arungbinang | lah kadi pundi puniki | botên pisan ngarti karsane sudara ||

14. mungsuhipun sakalangkung parêkipun | têka lanthang-lanthang | mungsuh prak dipun tambuhi | saurira tumênggung langkung satata ||

15. gih puniku cêlaka lamun dinulu | yèn pinaranana | angèle kapati-pati | manawi ta turôngga kang sagêt ngambah ||

16. jaran mabur ngawang-awang sabanipun | bilih sagêt ngambah | kali Kabumèn puniki | langkung gawat tur wuwuh pinarantenan ||

17. kali Kuwung pinggire langkung tarêjung | bitinge kinarya | anjathok pinggiring kali | gih karêpe mungsuh ngriku tinunjanga ||

18. binalithuk yèn purun binêkuk-bêkuk | kang wruh datan arsa | yèn mastani wuta tuli | binalithuk ing mungsuh kinarya jêkat ||

19. ingkang kidul têbiha kêdhik puniku | kaline wus mêcah | mila ran kali Pamalih | mangke sami tiningalan kang waspada ||

20. lèpènipun tur radin pêpinggiripun | nadyan jaran picak | ing ngriku sagêt lumaris | mangke kula nyabrang kariyin [ka...]

--- 150 ---

[...riyin] tumut prang ||

21. sami rêmbug upisir para tumênggung | Obrus langkung susah | dhêlêg-dhêlêg tan bisa ngling | dyan tumênggung ingatag upisir kathah ||

22. sigra laju lêga tyasira tumênggung | dadya gêlarira | wus canthèl kang têngga biting | tinunjanga jangjine mawut kewala ||

23. Dyan Tumênggung Arungbinang lampahipun | tan dangu ngidulnya | prapta jog kali Pamalih | lampah rikat longkanga lan gaman kathah ||

24. pitung puluh kuda binêkta rumuhun | dupi menggok ngetan | mangsit sarêng anyamêthi | gêbyur lèpèn mungsuhe bendrong sanjata ||

25. dyan tumênggung tan kandhêg sabalanipun | surak mawurahan | pambêdhile wanti-wanti | mêksa nunjang dyan tumênggung sampun mêsat ||

26. lajêng nêmpuh kang tunggu biting lumayu | wau amukira | mungsuhe malêdug ngisis | pangerane kalih pisan wus lumajar ||

27. duk andulu Kumpêni lan pra tumênggung | lamun Arungbinang | wantêre anglêliwati | ngungun eram Mayor Obrus anêlôngsa ||

28. samya guguk mayor ngabani drahgundur | enggal anusula | Sudara Rungbinang iki | mukul mungsuh drahgundêr nyambêr sadaya ||

29. pra tumênggung gumrubyuk panyandêripun | sadaya wus nyabrang | sarêng lan bala Kumpêni | samya nusul mring Tumênggung

--- 151 ---

Arungbinang ||

30. mungsuh wau kacandhak mati sapuluh | nênêm ingkang gêsang | wus samya dipun bandani | ingaturkên mring mayor sadayanira ||

31. ya ta wau mayor lan para tumênggung | jajah pambitingan | kang kilèn sayêkti sungil | jurang parang agawat kaliwat-liwat ||

32. Dyan Tumênggung TêgagTêgal. muwus sarwi guguk | môngsa bodho besan | Arungbinang anyaguhi | dudu jalan kali wor kali pra setan ||

33. Mayor Obrus angguguk sarwi anggunggung | Sudara Rungbinang | pundi patut dèn pondhoki | yèn sadalu tuwan wetan Jampi Salam ||

34. dene besuk amrih papan kang pikantuk | tuwan wontên desa | satunggil langkung prayogi | inggih lamun kanggenana pabarisan ||

35. lèpènipun agêng angubêngi dhusun | ingkang lèr kang wetan | botên susah damêl biting | damêlêna kang kidul kilèn kewala ||

36. kalih dalu anèng Soka enjingipun | budhal mring Ungaran | ingkang sampun dèn rakiti | ing Ungaran mring Tumênggung Arungbinang ||

37. kang wadya gung lan Kumpêni Mayor Obrus | praptaning Ungaran | pinarnah wetaning kali | Mayor Obrus kilèn kali karsanira ||

38. dyan tumênggung kinèn mangun aja tanggung | Wasisan prayoga | iki papan luwih bêcik |

--- 152 ---

dyan tumênggung paparentah nambut karya ||

39. Mayor Obrus wus santosa anggènipun | nulya paparentah | mukul gène mungsuh sami | ginusaha pangerane kang atêbah ||

40. ingkang kidul urut Têlaga wus karut | kantun Jagabaya | Martanagara kang nami | ingkang êlèr Martadipa nèng Wawaja ||

41. wus pinukul parentahe Mayor Obrus | sampun sami sirna | pangerane sampun têbih | nêdya nuwun bantu mring raka narendra ||

42. Mayor Obrus wau tampi sêratipun | Idlir ing Samarang | Obrus kinèn anêbihi | anjangkunga Obrus saking doh kewala ||

43. iya amung Si Salêmbèr bae iku | senapatining prang | dèn tinggalana prajurit | drahgundêre patang puluh kathahira ||

44. Islamipun cacah satus patang puluh | kêstabêle rolas | sèkêt dharat kang prajurit | pra bupati papat Barêbês lan Têgal ||

45. sawusipun maos sêrat mayor rêngu | agèdhèg kewala | dyan tumênggung dèn anthuki | manjing wisma Dyan Tumênggung Arungbinang ||

46. Mayor Obrus alon dènira amuwus | sudara kaya pa | pundi patut kula gèni | lan Pagêlèn sampun parêk sampun têbah ||

47. Dyan Tumênggung Arungbinang sauripun |

--- 153 ---

tuwan kang prayoga | botên parêg botên têbih | inggih namung tanah Rema Wanasida ||

48. inggih sampun sudara kula sarêju | ing sapungkur kula | sudara mèt papan bêcik | papan Watês Pagêlèn lan ing Mataram ||

49. tan winuwus enjing budhal Mayor Obrus | kang atut ing lampah | Tumênggung Banyumas nunggil | sakancane mantri bang kilèn sadaya ||

50. dyan tumênggung lan kapitan lampahipun | angatêr kewala | saonjotan wangsul sami | sapraptane parentah badhe budhalan ||

51. barisipun majêng dhatêng Watu Lêmbu | Paglèn iring wetan | lor kidul kaca aksami | wus rinakit apacak biting santosa ||

52. pra tumênggung pasisir sadaya tumut | tinata pondhokan | ing kanan keringe loji | para mantri numbakanyar sami prapta ||

53. sami têluk keriding para tumênggung | mung kaliwonira | kadange Cakrajayèki | tumut Cakrajaya anèng ing Lêlêndhah ||

54. pangranipun sami mantuk mring Matarum | Pagêlèn wus rata | Arungbinang dèn suyudi | pan rinangkêp wong sèwu lan numbakanyar ||

55. tan winuwus ing Pagêlèn solahipun | gantya kawuwusa | ing tanah Pajang Matawis | duk Pangeran Dipati Mangkunagara ||

--- 154 ---

56. praptanipun saking sowan rama prabu | nagri Kabanaran | bêkta bupati kêkalih | Dyan Tumênggung Janapura Janagara ||

57. lampahipun anèng ing Wêdhi kapêthuk | Suramangunjaya | nênggih kaburu ing jurit | baris Pokak sami mring Wêdhi anglarag ||

58. kang pinukul Mangunjaya kalihipun | lan Suradigdaya | sami kasoran ing jurit | mungsuhipun wong Sampang lawan Sêmbawa ||

59. oncatipun datan lumayu mangidul | ngilèn palajêngnya | mila kapêthuk ing margi | lan Gustine Pangeran Mangkunagara ||

60. duk dinangu Suramangunjaya matur | gusti langkung kathah | mêngsah punika ngagêngi | Kumpênine Madura miwah Sêmbawa ||

61. kèndêlipun dhusun Pakirèn puniku | pangran paparentah | tumênggung kalih dèn aglis | lah tuntunên parakna ing ara-ara ||

62. yèn wus campuh dèn kêbat padha lumayu | kidul Galodhogan | mangulona dèn angênthir | lamun ingsun wus nugêl kêbat balia ||

63. ya ta wau tumênggung kêkalih laju | saking lèr wêdalnya | angidul sakilèn baris | majêng ngetan nêmpuh kuda kanêmbêlah ||

64. campuhipun Sampang Sêmbawa lan Wangsul | kang ingamuk buyar | malajêng ngilèn angênthir | sami ngusir wong Bali Sampang Sêmbawa ||

--- 155 ---

65. praptanipun Galodhogan kilènipun | pangeran gya mêdal | anjambak saking ing wuri | mungsuh dharat tinunjang ngilês turôngga ||

66. kang lumayu sigra bali milu ngamuk | anunjangi kuda | mungsuh sayah bosah-basih | ingkang pêjah kasulayah anggêlasah ||

67. sindhung riwut ing payudan siwat-siwut | caruk rok rinêmpak | yèn anumbak dèn oncati | pinistulan jinêmparing tinowokan ||

68. pêjahipun Panji Kartadirja ngriku | lan Carang Pradapa | Madura gunungan mati | wong sragêni lan numbak satus kang pêjah ||

69. pêjahipun wong Sêmbawa pitung puluh | Walandi sadasa | palayune dèn kêkinthil | wêwah kathah kang pêjah saurut marga ||

70. kèndêlipun mungsuh dènira bêbujung | prapta jawi Pokak | wong jro biting anulungi | sami wangsul pangeran ngidul lêlampah ||

71. balanipun wau pangeran kang lampus | Ki Tumênggung Gajah | lan mantri jêro satunggil | saragêni lan mranggo pêjah sakawan ||

72. balanipun Dyan Janapura Tumênggung | lan Jayanagara | kalih dasa kang ngêmasi | paparentah Pangeran Mangkunagara ||

73. ingkang lampus mungsuh kabèh kinèn mêrung | winadhahan ancak | tigang ancak kêbak kuping | ingaturkên marang nagri Kabanaran ||

--- 156 ---

74. malihipun bêbandan Sêmbawa pitu | lan Bugis têtiga | ingirit dhatêng Matawis | sarta sêrat katurakên ingkang rama ||

75. lampahipun ing marga datan winuwus | prapta ing nagara | kang jinujug lampahnèki | Adipati Jayaningrat ing Mataram ||

76. lajêng katur sêrat lawan kupingipun | Dipati Janingrat | Dipati Suryanagari | Môndaraka ingkang sami tinimbalan ||

77. carikipun Dyan Sindusastra Tumênggung | kang lagya ginanjar | lêlênggahe wuwuh malih | jangkêp sèwu gadhing gangsal atusira ||

78. jaksanipun Sastrasasmita Tumênggung | wus anèng ngayunan | putra pangeran ngabèi | miwah Kangjêng Gusti Pangeran Dipatya ||

79. Sudibya Nung ing Nagri Mataram sampun | sumewa ing ngarsa | kang kinèn amaos tulis | ingkang saking Pangeran Mangkunagara ||

80. Dyan Tumênggung Sindusastra langkung sêru | Pangran Purubaya | têgêse dèn pêpiringi | sapratikêl murwèng prang madya wasana ||

81. pan tumungkul Pangran Purbaya duk wau | kangjêng sri narendra | ngandika mring kang raka ris | Kangmas Adiwijaya putra andika ||

82. pan kapêthuk Madurane kalih èwu | sèkêt drahgundêrnya | kalih atus Bugis Bali | pangajênge kalih atus wong Sêmbawa ||

--- 157 ---

83. Jawinipun inggih wontên kalih atus | wonge putra dika | mung kawan dasa dèn pilih | Janapura Janagara wolung dasa ||

84. wong rongatus amungsuh wong têlung èwu | yèn sarta lan akal | ngangge apawitan wani | nora kalah antuke pêpêjah kathah ||

85. Aacakipun têtiga maksih nèng ngayun | kinèn ambukaa | sadaya dipun uyahi | mila botên mambêt arus ing sarkara ||

73. Dhandhanggula

1. Pangran Arya Purbaya lan ari | Pangran Arya Amangkukusuma | kalihe pucat netrane | lingsêm ajrih kalangkung | mring kang raka Sri Narapati | Pangran Adiwijaya | alon aturipun | botên kayaa susunan | kula nguni duk rêmên sabèng wanadri | alas Krêndhawahana ||

2. wontên dhukuh isi kaki-kaki | duk atêtak sampun anak-anak | pun Nalasuta pak Gambrèng | wontên kaping sapuluh | dhukuhipun kula ampiri | Banyurip gih susunan | wastane kang dhukuh | mangke sampun kadi sirna | Nalasuta duk têtak sampun sêsiwi | anakipun lêlima ||

3. kula sawêg lênggah marêpêki | sapa sintên sampeyan punika | sintên sêsuta dhèwèke | kula balaka tutur | anak ratu sun iki kaki | aran Adiwijaya |

--- 158 ---

bapa sunan prabu | lênggahe sangsaya cêlak | dhuh gustiku pun kaki tur kumawani | inggih lamun satriya ||

4. sampun darbe pakarêman gusti | liya wanodya lawan turôngga | yèn karêma ing liyane | ical prawiranipun | dika trahing ratu prajurit | balik dika karêma | carita pitutur | ngundhakakên kaprawiran | pakarêman liyane botên bêciki | angrusak kalêksanan ||

5. kaprawiran sajroning ajurit | yèn satriya ngingu pakarêman | yèn prang botên kanggo gawe | dene apêse muput | sru gumujêng sri narapati | kangmas inggih sampeyan | botên nuntên mantun | kang raka gumujêng turnya | mindho gawe mung mari kula ampiri | Si Kaki Nalasuta ||

6. ngalih dhukuh kang kula ampiri | têbihipun pan kalih onjotan | lan Kaki Nala dhukuhe | supados datan wêruh | bok pinindho kaki nuturi | gumyak kang pra bupatya | sang nata angguguk | Pangeran Adiwijaya | angling malih bênêr tuture si kaki | kula prang botên daya ||

7. gumêr malih kang para bupati | sri narendra gumujêng angakak | kangmas sampeyan gumluwèh | wontên ingkang pitutur | têka botên dèn anggêp batin | kang raka aturira | gih kalah

--- 159 ---

sang prabu | awit dèrèng kuwarisan | tanah Jawa mung sang nata lan pun Sait | kêndêl kaya Walônda ||

8. gumêr malih kang para bupati | sande gènya sri narendra arsa | duka mring yayi kalihe | dene kang raka badhut | Pangran Adiwijaya nênggih | wruh sêmune ri nata | yèn arsa bêbêndu | mring rayi Pangran Purbaya | Pangran Mangkukusuma ing mangke wiwit | wit sinamur gujêngan ||

9. sigra mundhut sang sri narapati | kuping nèng ancak kinèn amindhang | rinajang ilang sipate | wus matêng pindhangipun | sinanèskên kang sakuwali | kang raka angandika | yayi mas baturmu | wong Pagêlèn kari pira | para mantri miwah kang sipat prajurit | kang rayi matur nêmbah ||

10. kantun kalih dasa para mantri | duk rumiyin inggih kawan dasa | balik Obrus sapalihe | pun adhi mantrinipun | kantun kalih wêlas ing mangkin | sapalih sami kesah | tumut Mayor Obrus | dene prajurit kawula | kantun kalih bêlah wahana turanggi | pun adhi sangang dasa ||

11. nulya dhahar wau sri bupati | lawan para santana sadaya | miwah para bupatine | ngandika sang aprabu | abdinira wau kang rayi | sadaya ingandikan | praptanirèng ngayun | wus bubar dènira dhahar | ingundurkên linorod marang ing jawi |

--- 160 ---

mung wadya Kapurbayan ||

12. lawan Mangkukusuma pinaring | ambêngan sing jro pura sadaya | sakuwali pêpindhange | sami ngandikan maju | sru ngandika sri narapati | hèh wong Pagêlèn samya | pira ta mungsuhmu | Walônda kang anèng kana | akèh Pokak Kumpênine tur akanthi | pitung èwu Madura ||

13. sira besuk padha dèn kabiri | yèn ora kêndêl sapisan êngkas | wong Pagêlèn matur kabèh | inggih sandika purun | yèn apranga ing benjing malih | agêng alit sadaya | sami purun matur | nulya sami pinaringan | sêkul ngancak lawan pindhang sakuwali | mangan nèng palataran ||

14. sami kokoh kabèh pindhang kuping | langkung eca sami dènnya nadhah | kokoh ana ing takire | liya pindhang mung krupuk | lawan sambêl kadhêle sami | sampunira anadhah | ngandika sang prabu | wong Pagêlèn basakêna | pindhang apa kang padha sira kokohi | tur sêmbah tan uninga ||

Punika lajêng nyandhak buku jilidan ôngka: V.