Sastra Jawa

Program Digitalisasi Sastra Daerah

  • Increase font size
  • Default font size
  • Decrease font size

Babad Giyanti, Balai Pustaka, 1939, #1245 (Bagian 1)

Katalog:Babad Giyanti, Balai Pustaka, 1939, #1245
Sambung:
1.Babad Giyanti, Balai Pustaka, 1939, #1245 (Bagian 1). Kisah, Cerita dan Kronikal | Babad Giyanti #196.
2.Babad Giyanti, Balai Pustaka, 1939, #1245 (Bagian 2). Kisah, Cerita dan Kronikal | Babad Giyanti #769.

BABAD GIYANTI

PRATELAN NAMANING TIYANG LAN PANGGENAN

BALE PUSTAKA BATAVIA-C.

--- 1 ---

Serie No. 1259u

BABAD GIYANTI

PRATELAN NAMANING TIYANG LAN PANGGENAN

BALE PUSTAKA 1939 BATAVIA-C.

--- 2 ---

Wêwênangipun ingkang ngarang kaayoman miturut Anggêr ingkang kapacak ing Staatsblad 1912 No. 600.

--- 3 ---

PRATELAN namaning tiyang, punggawa tuwin pangagêng ingkang sami kasêbut wontên ing Sêrat Babad Giyanti anggitanipun R. Ng. Yasadipura I

--- 4 ---

[Kosong]

--- 5 ---

A.§ Angka Rum mratelakakên angkaning jilid; angka Walandi mratelakakên angkaning kaca.

Adikusuma, radèn, putra suwargi Pangeran Adiwijaya, andhèrèk Pangeran Mangkunagara, lajêng kaabdèkakên dhatêng Sinuhun P.B. III, kaparingan sabin 100, XXI~40,41.

Adinagara, Tumênggung Batang tanêmanipun dêlèr, rumiyin dados rangga ing Kaliwungu, XI~61.

Adinagara, radèn, têtindhihipun prajurit Cakradiningratan, Madura, kadhawuhan mapagakên kraman pak Nisab, VIII~21.

Adinagara, pangeran, rayi Sinuhun P.B. II, I~47; kalêbêtakên ing gêdhong paresan salajêngipun kakendhangakên dhatêng Selong awit saking karsanipun Pangeran Buminata, VI~33,37.

Adiprakosa, sunan, mriks. Radèn Mas Sahid.

Adirasa, Adisana, sadhèrèk kakang adhi, sami pandhita ing Samakaton, dipun guroni dhatêng Pangeran Mangkunagara, II~39.

Adiwijaya, pangeran, rayi Sinuhun P.B. II, I~42; mêdal saking Surakarta tundhuk dhatêng ingkang rayi Pangeran Mangkubumi, VI~8; senapatining pabarisan Mataram, ngêlar jajahan dhatêng tanah Kêdhu, VIII~34; kapupu ing prang wontên ing Kaliabu mêngsah Litnan Kulman, XIII~48.

Adiwijaya, pangeran ing Surakarta, mêthukakên dhatêngipun Radèn Warihkusuma sasêdhèrèk saking Samarang, sami sêsalaman, XXI~47.

Alap-alap, tumênggung, mriks. Surawijaya.

Alasangun-angun, têtindhihipun prajurit Madura kabantokakên dhatêng Mataram, XIX~6.

Alpèrès Kèbêr, litnan, têtindhihing prajurit Kumpêni, pacakbaris ing Kalikuning, II~45.

Alpèrèswati, litnan, têtindhihing prajurit Kumpêni, pacakbaris ing Taman, II~5, 45.

Amadolah, radèn ayu, putrinipun pambajêng Pangeran Arya Natakusuma, badhe kadhaupakên kalihan Pangeran Bèi putra Sinuhun Sunan Kabanaran, XI~49, 58.

Amat Salèh, ngabèi, abdi Mangkubumèn, têngga dhusun Wanakarta, III~54.

Amêngkunagara, pangeran adipati anom, putra Sinuhun P.B. II, III~58.

Amongpraja, tumênggung, mriks. Jayèngrana.

Andakara, mantri panumping Surakarta, têluk dhatêng Kabanaran, XII~4.

Andaru, kapal titihanipun Pangeran Mangkunagara nalika campuh kalihan Mayor Kèbêr (Sakèbêr) wontên ing Gêmantar, IV~58.

Anggabau, mantrinipun tumênggung ing Garobogan, nyumbari Pangeran Mangkunagara nalika pêrang wontên ing Selakêpyak, XIX~46.

Anggadiwirya, radèn, mriks. Jomblo.

Anggajaya, tiyang pikul abdi Cakrajayan, dipun pala, purun dhatêng bêndaranipun, IX~19.

Anggajaya, trah Surabaya, kapacak dados bupati ing Surabaya nama Tumênggung Candranagara, XII~27, 28.

Anggajigja, mantri ing Galagah, abdi Kabanaran, XIV~34.

Anggakusuma, radèn, mriks. Suwandi.

Angganaya, nama pêpoyok dhatêng Pangeran Mangkudipura, XII~53.

Angganaya, mantri suling tuwin panambur Kabanaran, rumiyin prajurit Kumpêni bangsa Walandi, têlukan nalika pêrang Jênar, X~73.

Angganala, tiyang pikul abdi Cakrajayan, dipun pala lajêng purun dhatêng bêndaranipun, IX~19.

Anggapatra, prajurit saragêni Kabanaran, rumiyin prajurit Kumpêni bangsa Walandi, kacêpêng nalika pêrang ing Pamêlaran, X~11.

--- 6 ---

Anggaprayitna, mantri suling lan panambur Kabanaran, rumiyin prajurit Kumpêni bangsa Walandi, têlukan nalika pêrang Jênar, X~73.

Anggaprana, prajurit saragêni Kabanaran, rumiyin prajurit Kumpêni bangsa Walandi, kacêpêng nalika pêrang ing Pamêlaran, X~11.

Anggasara, ki ngabèi, abdi Kasunanan ragi mudhêng dhatêng cacahing bumi, XX~78.

Anggaswara, mantri suling lan panambur ing Kabanaran, rumiyin prajurit Kumpêni bangsa Walandi, têlukan nalika pêrang Jênar, X~73.

Anggawangsa, mriks. Surawijaya.

Anggawijaya, anakipun Tumênggung Jayawinata, suwita dhatêng Kabanaran, kawisudha nama Tumênggung Jayawinata, nunggak sêmi bapa; têtindhihing pabarisan ing Lengkong, kenging kapikut ing Kumpêni lajêng kabêkta dhatêng Samarang, ing têmbe kaaturakên wangsul dhatêng Sinuhun Sunan Kabanaran malih, V~45, 78; XII~62.

Anggèr, kimas, rêraton wontên ing Gunung Lanang, lajêng dipun pêjahi dhatêng Tumênggung Arungbinang, IX~29

Anom, pangeran, mriks. Radèn Guntur.

Ardiguna, anakipun Sutamênggala ing Lèpèn Midêr, kliwon Kasunanan, mêthuk dhatêngipun prajurit Madura, XX~42, 47.

Arjuna-tuwa, pêpindhanipun Sunan Kabanaran nalika manggihi tamu Sultan Pakungwati, III~20.

Arjunawijaya, Ratu Maèspati, Pêpindhanipun Sinuhun P.B. III, nalika badhe pêpanggihan kalihan ingkang raka Pangeran Pancuran, XIV~47.

Arya Kudus, kanthinipun Citrasoma ngrêbat nagari Dêmak, III~27.

Arya Kudus Paku, kakangipun Martapura, juru bêras, gêgriya ing wetan Pepe, Surakarta, I~55.

Arya Mataram, pangeran, kalêbêtakên ing gêdhong paresan, salajêngipun kakendhangakên dhatêng Selong, awit saking karsanipun Pangeran Buminata, VI~33, 37.

Arungbinang, tumênggung, mriks. Surawijaya.

Awijaya, dêmang Sura, abdi Kabanaran, XIV~34.

B.

Babandhêm, kaptin, têtindhihipun prajurit Kumpêni Islam, pacakbaris ing Pagêlèn, VIII~65.

Bagadênta, abdi Mangkunagaran têluk dhatêng Kasultanan, XVIII~74.

Bagrak, kapitan, têtindhihipun prajurit dragundêr, ambiyantu dhatêng Pagêlèn, XI~12.

Bal, litnan, senapati barisan Gêbang, II~53.

Baladewa, pangeran rangga, mriks. Pangeran Rangga.

Balangkêr, litnan, senapati barisan ing Pacangakan, II~52.

Balitar, pangeran, mriks. Warsakusuma.

Balut, gêmak pêparingipun Sultan Mataram dhatêng Adipati Madura, XIX~5.

Baltasar Totlomondo, mriks. Totlomondo.

Bandhèk, anakipun Namèngjaya êmban Kapurbayan Kartasura, diwasanipun nama Wiradiwangsa utawi Kudanawarsa, abdi kêkasih sarta dados besan Mangkunagaran, kaparingan sêsêbutan adipati, I~78; XIV~11; XVIII~75.

Banendra, lurah saragêni Natakusuman, XX~9.

Bangkok, inggih nama Suradirja, panèkêt tiyang Martalulut, ipenipun Sindurêja, mapagakên mêngsah ingkang ngrampit kitha Sala, III~79.

Bangkong, arya, abdinipun Sultan Dhandhun Martèngsari, I~60.

Banyakmodang, kapal titihanipun Pangeran Mangkubumi nalika ngrampit kitha Surakarta, IV~55.

Banyakparwata, tiyang Bali suwita dhatêng Pangeran Mangkubumi, III~8.

--- 7 ---

Bantèng, bagus, putranipun Adipati Jayadiningrat ing Mataram, kawisudha dados bupati nama Tumênggung Jayasêmbadra, kapundhut mantu dhatêng Pangeran Mangkunagara, dhaup kalihan putri pambajêng Radèn Ajêng Sombro, sarta kasantunan nama Tumênggung Sumanagara. Nalika Pangeran Mangkunagara mêmêngsahan kalihan ingkang rama Sunan Kabanaran, Sumanagara nilar garwanipun, suwita dhatêng Kabanaran malih, X~68; XIV~11.

Baukara, tiyang Bali suwita dhatêng Pangeran Mangkubumi, III~8.

Baurêsa, Baurêksa, mriks. Mas Malar.

Barak, tiyang Bali suwita dhatêng Pangeran Mangkubumi, III~8.

Barak, Kapitan, têtindhihipun prajurit Kumpêni kalurugakên dhatêng kilèn Wanakarta, III~53; nulungi Tumênggung Wiradigda nalika pêrang Tanjung sarta ingkang ngrubut Suryanagara, IV~75; têtindhihipun prajurit Kumpêni badhe anggêpuk Mataram, VIII~54.

Barurambat, tumbak pisungsung saking Madura dhatêng Mataram, XIX~7.

Baruwang, kyai, dhuwung agêmipun Pangeran Adipati Anom nalika badhe mapagakên ingkang paman Pangeran Mangkubumi, IV~46.

Barak Kolur, kapitan têtindhihipun prajurit Kumpêni, pêrang kalihan prajurit Mangkunagaran wontên ing Surakarta, XV~77.

Bastam, mriks. Kartabasa.

Bèi, pangeran pulunan Sinuhun P.B. II, I~42.

Bêdêr, panèkêt Surakarta tumut têluk dhatêng Kabanaran, XII~4.

Balabar, dhuwung agêm Sinuhun P.B. II, nalika badhe mapagakên rayi Pangeran Mangkubumi, IV~46; tumurun dhatêng Sinuhun P.B. III, XVIII~11.

Beman, litnan, têtindhihipun prajurit Kumpêni pacakbaris wontên ing Gunung Maja, XVII~19; pawingkingipun dados uprup ing Surakarta, anggêntosi Durpèl, jaman Sinuhun P.B. III, XXI~106.

Bêndung, panèkêt Surakarta tumut têluk dhatêng Kabanaran, XII~4.

Bênggala, dêmang, abdi Mangkubumèn, III~10.

Bênêr, ki, abdi Kabanaran, kabandhang dhatêng Kudanawarsa nalika pêrang wontên ing Panaraga; suwita dhatêng Kabanaran malih dados lurah mantri lêbêt nama Ranadirada; minggah dados kaliwon kaparak têngên; dados têtindhihipun para mantri prajurit jêro, andhèrèk tindakipun Adipati Danurêja dhatêng Salatiga anjênêngi têtêping bêdhaminipun Pangeran Mangkubumi; kawisudha dados bupati nama Tumênggung Urawan, XV~19, 39; XVII~69; XXI~35, 45.

Bêstam, mriks. Kartabasa.

Becak, kyai, bêndhe pusaka Surakarta, IV~46.

Bil, (Bèl ?), kapitan, XVII~44.

Bintara, pangeran adipati, mriks. Pangeran Buminata.

Bisawarna, kapal titihan Sinuhun Sultan Mataram, XIX~35; XXI~9.

Budhal, bagus, anakipun Tumênggung Kudanawarsa, dhaup kalihan Radèn Ajêng Sawi putrinipun Pangeran Mangkunagara, kawisudha dhatêng Sinuhun P.B. III nama Tumênggung Suryakusuma, XXI~43.

Bulusapta, Bulupitu, Bulu Gangsal Kalih, dyah ing, bangsa alus, bojonipun Tumênggung Arungbinang, XI~22.

Boma, pêpindhanipun Pangeran Mangkudipura nalika anèm, XII~53.

Bumindir, litnan, têtindhihipun prajurit Kumpêni, yasa loji ing Ungaran, IX~48.

Buminata, pangeran arya, mriks. Pangeran Arya Mataram.

--- 8 ---

Buminata, pangeran, rayi Sinuhun P.B.II, lolos saking nagari madêg baris, lajêng jumênêng nata wontên ing tanah Sêmbuyan, ajêjuluk Sultan Dhandhun Martèngsari; ngêmpal dhatêng Tumênggung Jayawinata lajêng dipun aturi ngêlar jajahan dhatêng Pagêlèn, nanging botên angsal damêl; sarêng ingkang raka seda lajêng kondur dhatêng Surakarta, suwita ingkang putra, sinuhun P.B. III, kadadosakên senapatining prajurit, kaparingan lênggah 3000 sarta sêsêbutan pangeran adipati; wontên ing nagari botên bêtah jalaran sangêt kacingkrangan lan botên dipun trêsnani dhatêng para santana, lajêng tilar nagari suwita dhatêng ingkang raka Sinuhun Sunan Kabanaran, dipun paringi nama Adipati Bintara sarta kaparingan lênggah bumi Grobogan, nanging lajêng malik tingal mêngsah ingkang raka Sinuhun Sunan Kabanaran piyambak, botên lami kasrakat malih, têluk dhatêng Kumpêni, lajêng kakendhangakên dhatêng Bandhan, I~6, 59; V~16, 40; VI~33; XVI~25; XIX~12.

Busèt, kapitan, têtindhihipun prajurit Kumpêni, VIII~52.

Buwang, tubagus, satriya ing Bantên, dados pangajênging kraman, jêjuluk Prabu Mangkarawati, inggih Sultan Bantên, kêkuwu wontên ing Pakung; sarêng kawon pêrang oncat dhatêng Mataram suwita Sinuhun Sunan Kabanaran, kadhawuhan tumut ngêlar jajahan dhatêng Pagêlèn, Banyumas lan Kêdhu; sasedanipun Pangeran Adiwijaya, lajêng nusul Sinuhun Sultan Kabanaran, lampahipun mindha-mindha santri nama Ki Mustapa, dumugi dhusun Rêpaking, kèndêl, dipun pêndhêt mantu Ki Nuriman, kaangsalakên anakipun èstri nama mbok Saridah; ing ngajêng sampun dipun trimani putri nama Radèn Rara Padmijah; sabibaripun bêdhami kawangsulakên malih kasatriyanipun dhatêng Bantên, IX~41; XV~26; XVI~71.

Bocor, kaji, abdi Kabanaran kabantokakên dhatêng pabarisan ing Gondhang, VIII~65.

Bocor, ki, kanthinipun Ki Ranggajaya dipun kèngkèn Tumênggung Arungbinang sowan Pangeran Mangkunagara, XI~56.

Brajadênta, tumênggung, sadhèrèkipun Brajamusthi, abdi Mangkubumèn, I~53.

Brajayuda, têtindhihipun prajurit Madura, ngêtêrakên Bratawirya dhatêng Panaraga, XVIII~41.

Brajamusthi, tumênggung, mriks. Ki Martatruna.

Brajapati, têtindhihipun prajurit Madura, sor-soranipun Radèn Carangmandhalika, kabantokakên dhatêng Samarang, VI~23; XVIII~41.

Brajawati, dêmang, prajurit Madura, kenging kacêpêng gêsang nalika pêrang Tidhar, VI~44.

Braham, alpèrès jalan kaki, dipun kèngkèn uprup Surakarta dhatêng Samarang, ngaturakên sêrat dhatêng dêlèr, XX~74.

Bratakusuma, radèn, anakipun Adipati Suradiningrat Panaraga, XII~56.

Bratadirja, radèn, anakipun Adipati Suradiningrat Panaraga, XII~56.

Bratawijaya, tumênggung, rumiyin nama Radèn Kaduwang, inggih Surabrata, Bupati Gaduwang; nama Surabrata kapundhut lajêng kaparingakên dhatêng kakangipun XII~56, 57

Brêman, sareyan Kumpêni kautus ngaturakên sêrat dhatêng Mangkunagaran, XXI~3.

Brêmara, mas, inggih Radèn Ngabèi Martawijaya, abdi Mangkubumèn, asli saking Kapurbayan Kartasura, I~38.

Briston, petor, XVII~44.

Britman, amral, êmbahipun Pandêrpol, XVII~8.

Bruwok, radèn ajêng, pêparabipun Radèn Ajêng Intên, putrinipun Pangeran Mangkubumi, dhaup kalihan pangeran Mangkunagara, III~49.

D.

Dhandhang Wisamarta, abdi Mangkunagaran têluk dhatêng Kasultanan, XVIII~74.

Dhandhang Mandhalika, abdi Mangkunagaran, têngga pasanggrahan Pasunggingan, IV~59.

--- 9 ---

Dhandhun Martèngjagat, panglulunipun Pangeran Mangkubumi dhatêng ingkang rayi Pangeran Buminata, V~37.

Dhandhun Martèngsari, sultan, mriks. Pangeran Buminata.

Danupaya, pangeran arya, raka Sinuhun P.B. II, badhe ngêmpal dhatêng Tumênggung Jayawinata botên dipun tampèni; kalêbêtakên ing gêdhong paresan, salajêngipun kabucal dhatêng Selong, awit saking karsanipun Pangeran Buminata, I~42; V~9; VI~33, 37.

Danupati, mantri ing Langkap, abdi Kabanaran, XIV~33.

Danurêja, mriks. Cakrajaya.

Danurêja, adipati,mriks. Yudanagara.

Damarwulan, pangagêng kraman ing Pagêlèn, pêjah dening Tumênggung Arungbinang, IX~28.

Darmasuta, radèn, mantri Mangkunagaran mêntas kautus dhatêng Panaraga, XII~15.

Darpa, putra Purbayan, pulunan Sinuhun Sultan Ngayogyakarta, kawisudha nama Pangeran Kusumayuda, XXI~72.

Dhelo, diwasanipun nama Jayakartika, ponakanipun Endranata, rumiyin mantri kaparak, dipun suwun pocotipun dhatêng Adipati Pringgalaya, lajêng dipun abdèkakên malih wontên ing kadipatèn anom, kadadosakên senapatining pabarisan ing wetan rêdi Mêrapi lan Mêrbabu, wasana pêjah dipun krubut para gêgêdhug Sukawati wontên ing Pamêlaran lèr lèpèn Jêram, I~72; IV~19, 18, 25.

Dewakusuma, pangeran, tiyang tapa, katanêm dening Pangeran Mangkunagara, kadadosakên bupati wontên ing Kaduwang, kaparingan nama Radèn Natawijaya, I~70.

Dewaningsih, ampilipun suwargi (P.B. II?) lajêng dipun alap dhatêng Pringgalaya, rumiyin dipun suwun dhatêng Adipati Madura, XX~77.

Dinagara, pangeran ing Surakarta, mêthukakên dhatêngipun Radèn Warihkusuma sasêdhèrèk saking Samarang, sami sêsalaman, XXI~47.

Dipayuda, mantri ing Pamrêdèn, tiwas nalika pêrang Jênar, X~47.

Dipanagara, radèn panji, têtindhihipun prajurit Madura, kabantokakên dhatêng Kumpêni, VI~74.

Dipaningrat, tumênggung, abdinipun Sultan Dhandhun Martèngsari, I~59.

Dipaningrat, mriks. Ki Ngabdullah.

Dipasana, Bupati Tuban, ngaturi arta 2000 dhatêng Adipati Pugêr, III~25; badhe têluk dhatêng Pangeran Mangkubumi, konangan Kumpêni, kacêpêng kabucal dhatêng Selong, V~52.

Dirnandir, mayor, gêgêdhugipun prajurit Madura, ambiyantu Sinuhun Sultan Giyanti, XX~41.

Disman (i), kapitan, senapati Walandi ing pabarisan Pagêlèn, momonganipun Tumênggung Arungbinang, XXI~99.

Jabir, radèn ajêng, putra putri Sinuhun P.B. II, katarimakakên dhatêng Bagus Karnadi anakipun Rangga Kaliwungu, VIII~39.

Jadirana, jaksa kadipatèn, pêjah wontên ing Kêmlayan mapagakên mêngsah ngrampit kitha, IV~43.

Jadirana, trah Surabaya, kapacak dados bupati kanoman ing Surabaya sisihanipun Anggajaya, XII~27.

Jadirana, pangiridipun prajurit katanggung, andhèrèkakên tindakipun Adipati Danurêja dhatêng Salatiga anjênêngi têtêpipun bêdhami Pangeran Mangkunagara, XXI~35.

Jagabaya, têtindhihipun para patinggi ing dhusun kilèn Bagawanta, botên purun têluk dhatêng Sultan Dhandhun, V~17.

Jagayuda, dêmang, mantri Mangkunagaran juru têdah margi lampahipun Mangunonêng dhatêng Kabanaran, VI~55.

Jagacitra, mantri Pringgalayan dipun pêjahi dhatêng Jayakartika, awit saking dhawuhipun Pangeran Adipati Anom, IV~25.

Jayaangkatan, mantri Mangkunagaran, mangagêngi pabarisan ing Pajang sisih lèr, VI~38.

--- 10 ---

Jayabinangun, adipati, nama ingkang badhe dipun paringakên dhatêng Jayakartika, manawi purun ambalik, suwita dhatêng Pangeran Mangkubumi, IV~14.

Jayadirana, ngabèi, mriks. Kayun.

Jayadirja, tumênggung, mriks. Jalal.

Jayadirga, tumênggung, rumiyin nama Surawijaya, pulunanipun Tumênggung Arungbinang, Bupati Pagêlèn, XVI~26.

Jayakartika, mriks. Dhelo.

Jayakintaka, mantri Mangkunagaran kautus maringakên sêrat pangantêp dhatêng Tumênggung Jayawinata ing Mataram, V~19; mistul Pangeran Arya Singasari ngantos butul èpèk-èpèkipun kiwa, V~34; pangiriding prajurit Kabanaran badhe ambêdhah Banyumas, XIII~20.

Jayakaspita, mantri lêbêt ingkang têngga tanah Matesih, têluk dhatêng Kabanaran, XIV~32.

Jayakusuma, radèn ngabèi, mriks. Kalêmuk.

Jayakusuma, pangeran, mriks. Radèn Jurit.

Jayalêksana, tiyang Bali suwita dhatêng Pangeran Mangkubumi, III~8; sagêd mêjahi mayor, III~20; lajêng kaparingakên Pangeran Mangkunagara, wusana wangsul suwita malih dhatêng Kabanaran, XVII~21.

Jayaliyangan, ngabèi, mêthuk dhatêngipun Ki Ngabèi Wangsaniti badhe sowan Pangeran Mangkunagara, XX~64.

Jayanagara, mriks. Sumêngit.

Jayanagara, tumênggung, mriks. Sêcawijaya.

Jayanagara, radèn,anakipun Ibrahim turun Untung Surapati, badhe suwita Sinuhun Sunan Kabanaran, XII~77.

Jayanagara, mriks. Sutawijaya.

Jayandaru, kapal titihan Sinuhun Sultan Ngayogyakarta, XXI~9.

Jayaningrat, Adipati Pakalongan, mriks. Radèn Supama.

Jayaningrat, Adipati Mataram, mriks. Jayawinata.

Jayapênatag, Jayapênêtêg, kalih-kalihipun lurah tamtama Mangkunagaran, kadhawuhan ngêlar jajahan dhatêng Bagêlèn, XVI~56.

Jayapuspita, marasêpuhipun Wirasraya, XIII~5.

Jayapuspita, lurah mantri jêro Mangkunagaran, XII~63.

Jayapuspita, mriks. Suwandi.

Jayaprabangsa, mantri lêbêt Mangkunagaran, kautus dhatêng Sukawati ngaturi priksa bab sedanipun Pangeran Pamot lan dhatêngipun mêngsah ing Mataram, VI~4.

Jayaprabawa, mantri Suryanagaran, pêjah pêrang wontên ing Tanjung, dipun tumbak saking wingking dening Tumênggung Wiradigda, IV~75.

Jayaprayitna, mantri lêbêt têngga tanah Matêsih, têluk dhatêng Kabanaran, XIV~32.

Jayapralanggi, mantri Mangkunagaran têluk dhatêng Kabanaran, XVII~21.

Jayapramuka, rangga, têtindhihipun prajurit Jagabaya, andhèrèkakên tindakipun Adipati Danurêja dhatêng Salatiga anjênêngi têtêping bêdhaminipun Pangeran Mangkunagara, XXI~36.

Jayapranata, tumênggung, bupati damêlanipun Sultan Dhandhun, rumiyin patinggi ing Lêndhoh (Pagêlèn), V~17.

Jayaprawira, prajurit Mangkunagaran, dipun kabarakên numbak Pangeran Natakusuma, XX~9.

Jayarata, dêmang, mriks. Jalal.

Jayasamodra, ngabèi, lurah mantri tuwaburu lan pamacêkan, ing pabarisan Kamalon, II~45.

Jayasambodra, Bupati Kabanaran, XIII~30; (= Jayasêmbadra?).

Jayasêngara, mantri Mangkunagaran, têluk dhatêng Kabanaran, XVII~21.

Jayasêmbadra, tumênggung, mriks. Bagus Banthèng.

Jayasêngkala, mantri Kabanaran, kadhawuhan ngêlar jajahan dhatêng tanah Matesih, XIV~32.

--- 11 ---

Jayasimpangan, ngabèi, dipun kanthi Tumênggung Kudanawarsa, mapagakên prajurit Pringgalayan, II~24; kadhawuhan ngladosi Radèn Arya Endranata utusanipun Kumpêni nalika mriksani gladhèn pêrang prajurit Mataram, V~50; pulunanipun Kudanawarsa, XVII~67.

Jayasudarga, tumênggung, anakipun Tumênggung Arungbinang, dipun biyantokakên dhatêng Mayor Histimolor, XVI~60.

Jayasudirja, tumênggung, pêjah ing loji, ingkang nurunakên Nurali, XI~35.

Jayasudirga, patihipun Pangeran Timur, pacakbaris wontên ing Grogol, pêjah dipun rampog prajuritipun Pangeran Natabaya, XX~25.

Jayasudirga, pêpatihipun Pangeran Mangkudiningrat, VII~31.

Jayasukêrta, ngabèi, gêgununganipun prajurit Surabaya ambiyantu Kumpêni, III~9.

Jayasupanta, mantri Mangkunagaran, pêjah pêrang kalihan prajurit Madura, VII~33.

Jayasura, pangiridipun prajurit katanggung andhèrèkakên tindakipun Adipati Danurêja dhatêng Salatiga anjênêngi têtêping bêdhaminipun Pangeran Mangkunagara, XXI~35.

Jayastra, radèn, darah Bali, suwita dhatêng Sinuhun Sunan Kabanaran, XIII~8.

Jayatalpita, ngabèi, mantri Mangkunagaran, têluk dhatêng Kabanaran, XVII~21.

Jayatirta, ngabèi, mantri Mangkunagaran, têluk dhatêng Kabanaran, XVII~21.

Jayaturangga, tumênggung, Bupati Kabanaran kabantokakên dhatêng Mangkunagaran ngrampit kitha Surakarta, VII~33.

Jayatruna, anakipum Tumênggung Nitinagara, suwita dhatêng Adipati Sindurêja, pêpatih Sinuhun P.B. II, X~74.

Jayawikangka, gêgambaranipun Ngabèi Wangsaniti nalika sowan Pangeran Mangkunagara dados utusan Sinuhun P.B. III, XX~65.

Jayawikrama, tumênggung, abdi Surakarta mapagakên mêngsah ngrampit kitha; kalurugakên dhatêng Sêmbuyan; dados senapatinipun prajurit Surakarta, pacakbaris wontên ing Taman, I~79; II~45; IV~41.

Jayawinangun, ngabèi, mantri Mangkunagaran, têluk dhatêng Kabanaran, XVII~21.

Jayawinata, radèn tumênggung, kêkasih Sinuhun P.B. II, Bupati Mataram, sabinipun badhe dipun longi dhatêng Adipati Pringgalaya, lajêng ambalik suwita dhatêng Sinuhun Sunan Kabanaran, ing ngriku kaparingan nama Adipati Jayaningrat sarta têtêp kadhawuhan anjagi bumi Mataram, I~49; II~46; V~45.

Jayawinata, tumênggung, mriks. Anggawijaya.

Jayèngrana, abdi Kabanaran, pêjah cinidra dening prajurit Mangkunagaran, sirah katur Dêlèr Samarang, XVI~43.

Jayèngrana, radèn arya, mriks. Janodin.

Jayèngrana, radèn, wadana kaparak kering, mantu Sinuhun Sunan Kabanaran, XI~79.

Jayèngrana, bupati Wiradesa, kasantunan nama Tumênggung Amongpraja, XI~43.

Jayèngrana, têdhakipun Tumênggung Mataun, kaabdèkakên dhatêng Sinuhun Sunan Kabanaran, XIII~51.

Jayèngrana, radèn, utusanipun Gupêrnur Samarang ngaturakên sêrat dhatêng Pangeran Adipati Sukawati, VI~12.

Jayèngranginan, têtindhihipun prajurit Tuban, ambiyantu dhatêng Pangeran Mangkubumi, V~62.

Jayèngranu, dados kanthinipun Ranawijaya, kautus Pangeran Mangkubumi ngaturakên pasumbang dhatêng Surakarta; mantri pangajêng ing pabewakan Jakawal, I~67; III~39.

--- 12 ---

Jayèngsari, panji, lurah prajurit jêro ing Mataram, lajêng kawisudha dados wadana gêdhong kiwa, nama Tumênggung Surantani, XVII~41, 69.

Jayèngtilam, lurah prajurit jêro ing Mataram, XVII~41.

Jaka Kamandaka, kapal titihan Sinuhun Sultan Ngayogyakarta, XXI~9.

Jakup Musêl, idlir, anggêntosi lênggahipun Gupêrnur Jendral Êmop; marasêpuhipun Gupêrnur Hogêndorêp, III~29; VIII~50.

Jakuwès, kapitan, têtindhihing prajurit Kumpêni, XIX~74.

Jakwus, lutnan, têtindhihipun prajurit Kumpêni, jagi nagari Têgal, XI~46.

Jaladara, lurah gulang-gulang Kablitaran, lajêng dados lurah wong dora pati Pakubuwanan, nama Ngabèi Udanpanas, XX~54.

Jalal, diwasanipun nama Dêmang Jayarata, kawisudha dados bupati nama Tumênggung Jayadirja, abdi kêkasih Mangkubumèn, prajurit gêgêdhug asli Sukawati, pêjah pêrang wontên ing Kêdhu mêngsah Mayor Sakèbêr, I~38, 53; IV~4; XII~60.

Jalamprang, (Mesa ?), lêlurah prajurit sikêp waos binang Pakubuwanan, XX~53.

Jalela, dêmang, têtindhihipun prajurit ingkang nggêcak dhusun Matesih, XX~13.

Jalêksana, tumênggung, abdi Mangkubumèn, asli saking Bali.

Janudin, êncik, upasipun kapitan Bali (Kapitan Bara), lajêng suwita dhatêng Mangkubumèn, kadadosakên abdi dalêm suranata nama Mas Suramirana, IX~22.

Janodin, (Janudin, Jayanudin), pangiridipun prajurit suranata, anggêcak barisan Kumpêni ing Gowong; saking kêndêlipun pêrang, lajêng sinêngkakakên ing aluhur sarta kaakên putra dhatêng Sinuhun Sunan Kabanaran, nama Radèn Arya Jayèngrana; pangulu Ngayogyakarta, lajêng dados mardikan kêmpal kalihan Pangeran Juru, ngêdêgakên pamurukan agêng, IX~75, 78; XXI~71, 76.

Jaraga, juru ngukir, abdi Kabanaran kabandhang dhatêng Kudanawarsa nalika pêrang wontên ing Panaraga, XV~19.

Jaran Panolih, ingkang nurunakên para agung ing Sumênêp, VIII~77.

Jawikrama, abdi kaparak, mapagakên mêngsah ngrampit kitha Surakarta sisih kidul, V~46.

Jawikrama, tumênggung, abdi Surakarta ambêbujêng Pangeran Pamot wontên ing kidul Pamasaran, II~11.

Jawikrama, radên tumênggung, kanthi Naladirja, Sindupati lan Suradipa, kautus Ingkang Sinuhun P.B. II, maringakên sêrat dhatêng ingkang rayi Pangeran Mangkubumi ingkang pacakbaris wontên ing Gêbang, I~65.

Jêmunak, kapal titihanipun Pangeran Mangkunagara, pêjah sakit, XVII~23.

Jiwaraga, ki, tiyangipun Kudanawarsa ing dhusun Têlahab, ngaturi sêsêgah dhatêng Pangeran Mangkunagara, II~63.

Juwana, kapitan, prajurit Kumpêni tiyang Bugis, têluk dhatêng Pangeran Mangkubumi nalika pêrang wontên ing Juwana, IV~70; V~62.

Jurangpamancal, dêmang Wirasêtikan, pêjah pêrang mêngsah prajurit Mangkunagaran, XIV~24.

Jurangtawing, Dêmang Kabanaran kadhawuhan ngêlar jajahan dhatêng tanah Matesih, XIV~32.

Jungkur, ajidan, anjagi gêdhong paresan ing Surakarta, VI~33.

Jurit, radèn, putra Natakusuman, angsal pasangon saking jendral, kawisudha dados wadana jaba Ngayogyakarta, nama Pangeran Jayakusuma, XXI~60, 72.

Juru, pangeran, mriks. Adipati Natakusuma.

Jomblo, putra Natakusuman diwasanipun nama Radèn Anggadiwirya, nyêntana wontên ing Ngayogyakarta nama Pangeran Pakuningrat, XXI~51.

Duljalil, kaptin, têtindhihipun prajurit Kumpêni Islam, kadhawuhan amboyongi Pangeran Buminata, V~69.

--- 13 ---

Dulsukur, kapitan, têtindhihipun prajurit Kumpêni Islam, kabantokakên dhatêng pabarisan ing Pagêlèn, X~17.

Dunyaka, mas, prajurit suranata tatu pêrang kalihan Kumpêni wontên Pakalongan, XI~35.

Dulwaka, radèn, prajurit suranata, pêjah pêrang kalihan Kumpêni wontên Pakalongan, XI~35.

Dulsalam, radèn, prajurit suranata, pêjah pêrang kalihan Kumpêni wontên ing Pakalongan, XI~35.

Dulkarim, kyai, gurunipun Panêmbahan Cakraningrat, VIII~23.

Duljaki, kaji, tiyang Makasar, sagêd basa Arab tuwin Turki, kadadosakên jurubasanipun Sèh Ibrahim, XIV~65.

Duljalal, mriks. Wirasastra.

Duljalil, kapitan, mapagakên prajurit Mangkunagaran ingkang ngrampit kitha Surakarta, XV~76.

Durhan, radèn, abdi Kabanaran, andhèrèkakên Sèh Ibrahim wangsul dhatêng Samarang, XVI~37.

Durpèl, uprup Surakarta, jaman Sinuhun P.B. III, gêntosipun Johan Abraham, nanging lajêng dipun kèndêli jalaran kumawasa, XXI~95.

Dhusthajumêna, gêgambaranipun Sinuhun P.B. III, nalika pêpanggihan kalihan ingkang paman Sinuhun Sultan, XVIII~11.

Dongkêl, Dungkur, Jungkur, kapitan, minggah pangkat mayor, awit saking pamrayoginipun Sinuhun Sultan, XVI~51; XIX~51.

Drêmayêkti, prabu ing Giyantipura, pêparabipun Sinuhun Sunan Kabanaran, XVII~23.

E.

Êmas, ratu, garwa dalêm Sinuhun P.B. III, XXI~22.

Êmuk, Êmop (Inhof ?), Baron van, gurnadur jendral, I~29; tilar donya jalaran kêduwung anggènipun ngêlongi sabinipun Pangeran Mangkubumi, III~50.

Endranata, radèn arya, mriks. Sukarya.

Êntho, radèn mas, putra dalêm Pangeran Adipati Sukawati, dhaup kalihan anakipun èstri Adipati Jayaningrat, lajêng katêtêpakên dados pangeran adipati anom ing nagari Mataram, V~46.

Êtèl, kapitan, têtindhihipun prajurit Kumpêni, jagi kitha Surakarta, VII~44.

Êtor, mayor, têtindhihipun prajurit Kumpêni, badhe anggêpuk Mataram, VI~39.

G.

Gadamastaka, pangeran tumênggung, mriks. Sumajaya.

Gadhingan, gandhèk andêlipun suwargi Pangeran Purubaya, XXI~79.

Gajah Angun-angun, inggih Panji Carangpradapa, prajurit Madura, pêjah pêrang wontên ing dhusun Karangri, mêngsah prajurit Mangkunagaran, VIII~7, 28.

Gajahbarong, tumênggung ing Mataram, kabantokakên dhatêng Pagêlèn, VI~61.

Galengsong, kraèng, têtindhihipun prajurit Têrnate, ambiyantu Kumpêni: nalika pêrang wontên ing Pakangan têluk dhatêng Sinuhun Sunan Kabanaran, kaparingan nama Radèn Rangga Mangure, nanging lajêng minggat wangsul dhatêng Kumpêni malih, X~56; XI~38, 44; XII~8.

Gambas, sadhèrèk Natakusuman, kapundhut garwa dhatêng Sinuhun Sunan Kabanaran, kaparingan nama Radèn Ayu Kulon, XI~49, 50.

Gandariya, kapitan, têtindhihipun prajurit Kumpêni, jagi nagari Têgal, XI~46.

Gandasari, mbok ajêng, ampilipun Pangeran Adiwijaya, kabandhang dening Kumpêni, XIII~47.

Gandhi, raja, têtindhihipun prajurit sabrang, badhe kabantokakaên dhatêng Pagêlèn, XI~12.

Gandhuwaur, tumênggung, mriks. Singatruna.

--- 14 ---

Ganggêng Jagasatru, pangiridipun prajurit Pagêlèn, ambêbujêng Tumênggung Arungbinang, X~11.

Garêbong, Grêbong, carakanipun Pangeran Arya Pancuran, ngaturakên sêrat dhatêng Pangeran Mangkunagara, I~16, 19.

Garêji, mbok bakul, nêrak wêwalêr sêsadean dhatêng pabarisan Mangkunagaran, ngantos dados lantaranipun Pangeran Mangkunagara sagêd têpang rêmbag kalihan ingkang rayi Sinuhun P.B. III, salajêngipun sagêd kondur dhatêng Surakarta, XX~52.

Gringsing, panji, pangiridipun abdi panumbak; lurah katanggung Pakubuwanan, XVIII~3; XX~53.

Gatha, diwasanipun nama Mas Rangga Wirasêtika, Wirasêntika, Wirasantika, Radèn Rangga Prawiradirja, ipe tuwin kêkasih Pangeran Mangkubumi, prajurit agêng, gêgêdhug Sukawati. I~53; XVII~68; XX~13; XXI~62.

Gêndhing, adipati, patihipun Sultan Dhandhun Martèngsari, I~59.

Gêndirpênjalin, (buta cakil), gêgambaran wujudipun Pangeran Pancuran nalika pêpanggihan kalihan Sinuhun P.B. III, XIV 48.

Gênthong, mas, diwasanipun nama Radèn Tirtanagara, anakipun Brahim turun Untung Surapati, badhe suwita dhatêng Kabanaran, XII~78.

Gêrba, abdi Pakubuwanan, nantang tuwin nyumbari prajurit Sukawati, IV~51.

Gêrot, diwasanipun nama Mas Dêmang Surakartika, pacakbaris wontên ing jarojêro. kadhaton; dados kancanipun Jayawikrama pacakbaris wontên ing Taman, lajêng dados têtindhihing pabarisan ing Pêngging, II~45; IV~53; VI~49.

Gunamastika, lurah saragêni Mangkunagaran, X~61.

Gunawisesa, lurah saragêni Mangkunagaran, X~61.

Guntur, radèn mas, diwasanipun asma Pangeran Suryadikusuma, putra Pangeran Bèi inggih Radèn Mas Sudira; ngraman, pacakbaris ing rêdi Gamping; raka Pangeran Mangkubumi; ngêmpal dhatêng Tumênggung Jayawinata, lajêng dipun aturi ngêlar jajahan dhatêng Kêdhu; wusananipun têluk dhatêng Kumpêni, lajêng kakendhangakên dhatêng Selong, I~50; III~75; VII~55.

Guntur, radèn mas, putra Radèn Wiratmêja, wayah Pangeran Têpasana, kuwalonipun Adipati Pugêr, kapundhut mantu dhatêng Pangeran Mangkunagara, kaangsalakên Radèn Ajêng Sombro, inggih mbok Sumanagara, lajêng kaparingan nama Pangeran Anom; pawingkingipun kaabdèkakên dhatêng Sinuhun P.B. III, kaparingan siti 400, nama nunggaksêmi ingkang rama, XIV~59; XXXI~41, 43.

Gupitangga, mantri sêpuh Kabanaran, kadhawuhan ngêlar jajahan ing tanah Matesih, XIV~32.

Gupita, dhuwung agêmipun Adipati Jayaningrat ing Pakalongan, IV~69.

Gurêtna, gêgambaranipun Patih Kudanawarsa nalika campuh pêrang kalihan Tumênggung Wiranagara Bupati Dêmak wontên ing Tugu, XVII~12.

Gurnita, kapal titihanipun Pangeran Mangkunagara, pêjah sakit, XVII~23.

Guru, sanghyang, kangge sanepanipun dhirèktur Pandêrparah ing Batawi, IX~44.

H.

Has, mayor, kasambut pêrang wontên ing Gowong, X~42.

Has, mayor, kapupu ing prang wontên ing Winong, II~15.

Histimolor, mayor, andêl-andêlipun prajurit Kumpêni, XI~51; senapati pabarisan Kumpêni, anggêntosi Sakèbêr, XVI~51.

Hubrus, mayor, têtindhihipun prajurit saking Batawi, kabantokakên dhatêng Banyumas, VII~66.

Hulun, litnan, têtindhihipun pajurit Kumpêni Islam, pacakbaris wontên ing Pagêlèn, VIII~65.

Huce, kapitan, têtindhipun prajurit Kumpêni, ambiyantu Madura, VIII~24; tiwas wontên ing paprangan Jênar, X~47; XXI~116.

--- 15 ---

Hogêndorêp (Hogêndrup, Hondorop, Hondrop, Hundrup, Undur, Ondur), baron, kumêndan ing Surakarta, kêkasih Sinuhun P.B. II, ngêpyakakên jumênêng dalêm Sinuhun P.B. III, katimbalan dhatêng Batawi lajêng kadhawuhan nyirêp kraman ing Bantên, lajêng dados dêlèr, wontên ing Samarang sarta kapundhut mantu dhatêng dêlèr Jakub Musêl, nanging lajêng kèndêl awit saking pamundhutipun Sinuhun Sunan Kabanaran, ingkang anggêntosi dêlèr Nicolas Harting, I~5,16; III~58; XVI~24.

I.

Ibrahim, sèh, sudagar Turki dipun sraya gupêrnur jendral supados Pangeran Mangkubumi karsa bêdhami, XIV~62.

Ibrahim, mas, anakipun Untung Surapati, XII~36.

Imajaya, dêmang, mriks. Palêk.

Imayuda, dêmang, abdi Kabanaran, rumiyin prajurit Kumpêni bangsa Walandi, IX~13.

Indrajit, radèn, gêgambaranipun Pangeran Natabaya, XIX~47.

Intên, radèn ajêng, apêparab Radèn Ajêng Bruwok, putrinipun Pangeran Mangkubumi, dhaup kalihan Pangeran Mangkunagara, III~49.

Iskak, sèh, adhinipun Sèh Ibrahim, sudagar Turki, XIV~62.

Ismayawati, badhaya Panaraga, dipun umpêtakên dhatêng Pangeran Mangkunagara, XII~68.

Y.

Yan Hèndrik Johan Abraham, têtindhihipun prajurit Kumpêni, kabantokakên dhatêng Ambarawa; Hupêrhup Surakarta gêntosipun Totlomondo, VIII~35; XI~77.

Yudakartika, kaliwon gêdhong têngên Mataram, lurah mantri jêro Kabanaran, XV~39; XVII~69.

Yudanagara, tumênggung, Bupati Banyumas, abdi Surakarta kadhawuhan pacakbaris ing Sukawati; nyenapatèni pabarisan kilèn Matesih; tugur wontên ing Surakarta sarta lajêng kalurugakên ngantêp pêrang kalihan Pangeran Mangkubumi; sarêng sampun bêdhami kadadosakên pêpatih ing Yogyakarta, kaparingan nama Adipati Danurêja, II~12, 46; III~71; VI~72; XVII~68.

Yudanagara, tumênggung, mriks, Radèn Suwandi.

Yudaningrat, tiyang Bali, suwita dhatêng Pangeran Mangkubumi, III~3.

Yudapati, lurah katanggung Pakubuwanan, XX~53.

Yusup, sayid, sisihanipun Sayid Ngabdulrahman, abdi Kabanaran, VI~64.

K.

Kayati, radèn ajêng, putrinipun suwargi Pangeran Pancuran, kadadosakên putri kadhaton Surakarta, XXI~47.

Kayun, diwasanipun nama Ngabèi Jayadirana, lurah katanggung Mataram, XVII~69.

Kaladêrgangsa, lêlurah prajurit cebol Surakarta, XVIII~23.

Kalamaruta, kapal titihan Sinuhun P.B. III, XXI~19.

Kalêmuk, mas, ipenipun Pangeran Arya Natakusuma, ngabdi ing Kasultanan, dados wadana kêtanggung, kaparingan nama Radèn Ngabèi Jayakusuma, XI~43; XVIII~7.

Kalèrêk, mayor, têtindhipun prajurit Kumpêni saking Batawi, kabantokakên dhatêng Samarang; kasambut ing prang wontên ing Jênar (Jatipandhawa), dening Wirarana, prajurit Sukawati; arga muni obahing bumi (1677), VIII~51; X~53, 54; XXI~117.

Kalèrès, mayor, pinasrahan paprentahan pêrang ing Samarang, IX~26.

Kaliman, putra Sinuhun P.B. III, XVII~61.

Kaluwak, radèn ajêng, dhaup kalihan Radèn Tumênggung Suradiningrat, VI~35.

Kalosot, tumbak ingkang sakalangkung ampuh, XX~9.

Kanigara, tiyang Bali suwita dhatêng Pangeran Mangkubumi, III~8.

Kancana, ratu, garwa Sinuhun Sultan Mataram, XX~77.

--- 16 ---

Kapundhung, mbok, dipun trimakakên dhatêng Bupati Srêngat, XII~67.

Karangrang, dêmang ing Giyanti, abdi Kabanaran, XIV~33.

Karnadi, bagus, anakipun Rangga Kaliwungu, dipun trimani putri putra Sinuhun P.B. II, nama Radèn Ajêng Jabir, VIII~39.

Kartabasa, ngabèi, mantri ing Trêbaya, rumiyin nama Ki Bastam, (Bêstam), bêkaur jurubasa, nocogakên sêrat palkat jumênêngipun Sultan Pangeran Mangkubumi; tumut dêlèr namtokakên bêdhaminipun Pangeran Mangkunagara wontên ing Salatiga, IX~24; XVII~39; XXI~32.

Kartadipa, radèn tumênggung, Senapati Surakarta badhe ngantêp pêrang kalihan Pangeran Mangkubumi, III~71.

Kartadirja, panji, têtindhihipun prajurit Madura, pêjah ing paprangan mêngsah prajurit Mangkunagaran, VIII~7.

Kartadirja, ngabèi, dipun kanthi Tumênggung Kudanawarsa, mapagakên prajurit Pringgalayan, II~24.

Kartayuda, Tumênggung Rawa, dipun trimani tiyang èstri nama Selawati, XII~67.

Kartayuda, radèn panji, pulunanipun sang panêmbahan, nindhihi prajurit Madura, kabantokakên dhatêng Kumpêni, VI~75; kabantokakên dhatêng Mataram, XIX~5.

Kartalêksana, ngabèi, mantrinipun Tumênggung Arungbinang, dipun kèngkèn manggihi Kapitan Usar, badhe ambiyantu barisan Pagêlèn, XI~8.

Kartanadi, mantri ing Kapadan, XIV~33; dados pamuk manggalaning jurit, bupatinipun prajurit jêro, andhèrèkakên tindakipun Adipati Danurêja dhatêng Salatiga anjênêngi têtêping bêdhaminipun Pangeran Mangkunagara, XXI~36; asli saking Sukawati, nalika pêrang Jênar mêjahi Mayor Kalèrêk, XXI~54.

Kartanadi, tumênggung, mriks. Wirarana.

Kartanagara, tumênggung, senapati Surakarta badhe ngantêp pêrang kalihan Pangeran Mangkubumi, III~71; lungsur lajêng dipun lênggahi Tumênggung Wirarana bupati kalang, VI~35.

Kartanagara, tumênggung, mriks. Rêksapraja.

Kartanagara, ngabèi, dipun tanêm wontên Warung Garobogan dening Adipati Pugêr, I~57; III~9, 10, 34.

Kartanagara, Bupati Lumajang, nak-sanakipun Adipati Wiranagara, ngêpang bètèng Gêmbong, XIII~7.

Kartapati, nyumêrêpi nalika Radèn Mas Sujana, inggih Pangeran Mangkubumi tapa ngèli mêntasipun wontên ing Kasampangan, XX~16.

Kartarêja, mantri Kêmanukan, abdi Kabanaran, XIV~33.

Kartasari, tiyang Bali suwita dhatêng Pangeran Mangkubumi, III~8.

Kartasari, têdhakipun Tumênggung Mataun, kaabdèkakên dhatêng Kabanaran, kawisudha dados bupati nama Tumênggung Mataun, XIII~51; XXI~73.

Kartasari, radèn panji, pulunanipun sang panêmbahan, nindhihi prajurit Madura kabantokakên dhatêng Kumpêni, VI~75; kabantokakên dhatêng Sinuhun Sultan Mataram, XIX~5.

Kartawadana, kanthinipun Patrayuda ngêmban dêduka Sinuhun P.B. III, dhatêng Adipati Pringgalaya, XVIII~31.

Kartawijaya, radèn panji, putra Bupati Jipang, senapati pabarisan ing Pagêrwaja (Kumêndhung), II~78.

Kartinala kali Cacing, adol tike pinggir dalan, nama pêpoyok dhatêng Radèn Arya Endranata, III~36.

Kartinala, abdi kaparak Pakubuwanan, mapagakên mêngsah ngrampit kitha sisih kidul, IV~46.

Kartisura, ki tumênggung, tiyang dhusun kadadosakên bupati wontên ing Sêmbuyan dening Pangeran Mangkunagara, XVIII~48.

Kasuban, ki mas, abdi Kabanaran andhèrèkakên wangsulipun Sèh Ibrahim dhatêng Samarang, XVI~37.

Kastuba, abdi suranata ing Kabanaran, IX~64.

Katawêngan, tumênggung, mriks. Sêtrapati.

--- 17 ---

Kêbolajêr, tiyang Bali suwita dhatêng Pangeran Mangkubumi, III~8.

Kêbolêngkir, kandhuruan ing, têtindhihipun prajurit Surabaya ngêtêrakên Bratawirya dhatêng panaraga, XVIII~41.

Kêbomas, kyai, tumbak agêm Sinuhun P.B. II nalika badhe mapagakên rayi Pangeran Mangkubumi, IV~46.

Kêkêran, tumut Ngabèi Wangsaniti kapanggih Pangeran Mangkunagara, XX~59.

Kêndhayakan, radèn arya, têtindhihipun prajurit Bantên, nak-sanakipun Tubagus Buwang, pêjah pêrang mêngsah Tumênggung Arungbinang, XIII~14, 27.

Kêndhiwiring, Carik Arungbinangan kadhawuhan nêdhak sêrat palkat jumênêngipun Sultan Pangeran Mangkubumi, XVII~50.

Kèngsêr, mayor, têtindhihipun prajurit Kumpêni kalurugakên dhatêng Banyudana, VI~75; lajêng pêjah kaparag sêsakit wontên ing pabarisan ing Piji, VII~20.

Kênthi, dêmang, lêlurahipun abdi palawija Surakarta, XVIII~23.

Kêncana, kangjêng ratu, garwa sinuhun P.B. III, ngaturi sangu nglurug pêrang dhatêng ingkang paman sinuhun sultan, awarni sagon lan manisan, tapakastanipun piyambak, ngantos 4 rêmbat, XVIII~46.

Kêrtanudin, ki mas, prajurit suranata pêjah pêrang kalihan Kumpêni wontên ing Pakalongan, XI~35.

Kesawa, hyang, nama kangge marabi Pangeran Mangkubumi, III~42.

Kidanggaringsing, mantri Madura pêjah pêrang wontên ing Banyudana, VIII~28.

Kisêr, kapitan, anakipun Kapitan Tolong, têtindhihipun prajurit Kumpêni Islam jagi ing Mataram, XIX~60.

Kisnap, sareyan prajurit Kumpêni asli saking Makasar, têluk dhatêng Pangeran Mangkubumi, jalaran dipun paringi toya wontên ing paprangan, III~20.

Kudanawarsa, mriks. Bandhèk.

Kudaprangrupak, dêmang, têtindhihipun prajurit Madura kabantokakên dhatêng pabarisan ing Piji, VIII~20.

Kudapramila, mantri Madura, pêjah pêrang wontên ing Banyudana, VIII~28.

Kudapranglangit, ngabèi, têtindhihipun prajurit Madura,kabantokakên dhatêng pabarisan ing Piji, VII~20.

Kudasisimping, mriks. Suradilaga.

Kulman, Walandi Prêsman, senapati Kumpêni momonganipun Adipati Mangkupraja, XXI~102, 105.

Kulon, radèn ayu, ingkang bibi Kangjêng Sultan, angsal pasangon saking jendral, XXI~60, 69.

Kulon, radèn ayu, mriks. Gambas.

Kumitir, tiyang Bali, suwita dhatêng Pangeran Mangkubumi, III~8.

Kuning, sunan, putra Pangeran Têpasana, I~44; XIX~59.

Kurdhanagara, tumênggung, mriks. Wiranata.

Kusumayuda, raja ing Tunggarana, paparabipun Sinuhun P.B. III Surakarta, XVII~23.

Kusumayuda, pangeran, Mriks. Darpa.

Kuthawindu, (-asta warsa), ki ajar, tiyang tapa, amêmuja murih kasugêngan Sinuhun P.B. III dalah raka Pangeran Mangkunagara, XXI~25.

Komplo, (Koplo), radèn bagus, putra Natakusuma, diwasanipun nama Radèn Sumadiwirya, kapundhut mantu Kangjêng Sultan saha kaparingan nama Pangeran Arya Natabaya, prajurit gêgêdhug, gêrah lajêng seda, XIX~29; XXI~55.

Kolong, kapitan, andhèrèkakên bidhalipun Oprup Totlomondo dumugi Salatiga, XI~78.

Komploh, mas, anakipun Pringgalaya badhe kadadosakên bupati ing Mataram, anjalari mbalikipun tumênggung Jayawinata, IV~62.

Kop, mayor, kasambut ing prang (Tanjung lan Patidhar), X~42.

Kop, mayor, pêjah sakit wontên ing pabarisan Walèri, XI~30.

Kop, kapitan, senapatining Kumpêni kadhawuhan nglurug mangalèr (saking Surakarta), I~69.

Koplo Pringgadiningrat, anakipun Adipati Pringgalaya, suwita dhatêng Kabanaran, sakit lajêng kawangsulakên dhatêng Surakarta, XV~32.

--- 18 ---

Kospês, kapitan, kapupu ing prang wontên Mêlaran, XXI~116.

Krêsna-Arjuna, gêgambaranipun Pangeran Adipati Mangkunagara saha Sinuhun P.B. III sasampun bêdhami, XXI~39.

Krêtawijaya, ngabèi, mantri ing Roma, VIII~53.

Krêtinagara, abdi Pakubuwanan, kapitados nampèni siti 500 pêparing saking Kabanaran, XVI~75.

L.

Lanjaran, radèn rara, kadang èstri suwargi Pangeran Pancuran, kapundhut dhatêng Mangkunagaran, XXI~48.

Larasiduwa, ki dêmang, mriks. Wanakarti.

Laro, rangga, kadhawuhan ngêlar jajahan dhatêng tanah Matesih, XIV~32.

Lekan, Muhamad, Sultan Rum, XIV~63.

Lêmbani, dhaèng, têtindhihipun prajurit Makasar, anjagi Sinuhun P.B. III, VII~42.

Lêmbulêmbora, turunipun Untung Surapati, XII~77.

Lêmbusangka, Dêmang Madura, katilar wontên Surakarta, pacakbaris, XV~75.

Lêmbusurèngrana, Mantri Madura katilar wontên ing Surakarta, pacakbaris, XV~75.

Liyêp, tumbak wasiat Mangkunagaran, kabandhang dhatêng Ngayogya nalika pêrang wontên Sima, lajêng kaparingakên wangsul, XXI~82.

Lukas, sareyan Kumpêni usar bangsa Walandi, têluk dhatêng Sinuhun Sunan Kabanaran, lajêng kadadosakên dêmang nama Candrajaya, IX~36.

Lunta, gêndhing pundhutanipun Pangeran Mangkuningrat sadèrèngipun sowan ingkang sinuhun, XX~71.

Lokantara, panêmbahan, mriks. Pak Nasib.

Londrop Alpèrès, pêjah pêrang tandhing kalihan Jayaprabawa wontên ing Tanjung, IV~75.

Lor, radèn ayu, garwa Kangjêng Sultan, XX~7.

M.

Madat, gamêlan Kapringgalayan, XXI~13.

Madukara, pangeran pangajênging kraman ing rêdi Kidul, sirna dening pangeran Arya Natabaya, XXI~6.

Madnur Majansari, prajurit suranata tatu pêrang kalihan Kumpêni wontên ing Pakalongan, XI~35.

Madurêtna, kangjêng ratu, ingkang mbakyu Pangeran Mangkubumi dados garwanipun Arya Endranata, jaksa Samarang; nênggani sinuhun P.B. II, nuju gêrah, V~61; VI~30.

Maesasura, lêlurahipun prajurit saragêni Surakarta, sisihipun Mesajaladri, XVIII~47.

Magada, adipati, nama ingkang badhe kaparingakên dhatêng Tumênggung Arungbinang manawi purun ngabdi dhatêng Sinuhun Sunan Kabanaran, X~24.

Malayakusuma, radèn, anakipun Brahim turunipun Untung Surapati, badhe suwita dhatêng Sinuhun Sultan Kabanaran, XII~77.

Malangdewa, abdi Mangkunagaran, kautus nampèkakên sêrat dhatêng dêlèr Hohêndrup (Hogêndorêp), XIV~42.

--- 19 ---

Malangdrigama, abdi Mangkunagaran dipun kanthi Tumênggung Kudanawarsa, mapagakên prajurit Pringgalayan, II~24.

Malangi, ki, guru pamurukan ing kilèn kitha Ngayogya, XXI~76.

Malangnagara, tumênggung, abdi Mangkunagaran, VII~29.

Malangprakosa, mantri Mangkunagaran, VII~29.

Malangprawira, mantri Mangkunagaran, VII~29.

Malangsasmita, abdi Mangkunagaran têluk dhatêng Kasultanan lajêng kaparingan nama Rangga Malangdirja, awit kalêrês putunipun Wangsadirja inggih Tumênggung Wiranagara patihipun Panêmbahan Purbaya Kartasura, XVIII~74,75.

Malangsumirang, abdi Mangkunagaran, kautus nampèkakên sêrat dhatêng Dêlèr Hohêndrup (Hogêndorêp), XIV~42.

Malangtrigama, mantri Mangkunagaran, VII~29.

Malar, mas, inggih Ngabèi Baurêksa utawi Baurêsa, lurah mantri jêro Kabanaran, pawingkingipun kaparingan sêsêbutan tumênggung, XV~39; XVII~69.

Malewa, dhaèng, têtindhihipun prajurit Tarnite kabantokakên dhatêng Ungaran, X~56.

Maliyah, radèn rara, putri Pangeran Natakusuma, kabandhang dhatêng Mangkunagaran, nalika pêrang ing Panaraga, lajêng kawangsulakên dhatêng Ngayogya, XXI~82.

Mamênang, ratu, ingkang bibi Sinuhun Sunan Kabanaran, katarimakakên dhatêng Pangeran Madiun, XII~67.

Manarêsmi, nyai, juru panêmbang badhaya, abdinipun Mangunonêng, kapundhut dhatêng Sinuhun Sunan Kabanaran, VI~65.

Mandaraka, mriks. Sutadipura.

Mandaraka, mantri Surakarta, ndhèrèk Tumênggung Yudanagara pacakbaris ing Sukawati lan Matesih, II~12, 46.

Mandadirana, kadangipun Tumênggung Mandraka, kapupu prang wontên ing Bareka, XIII~40.

Mandraka, adipati, nama ingkang badhe kaparingakên dhatêng Tumênggung Arungbinang manawi purun ngabdi dhatêng Sinuhun Sunan Kabanaran, X~24.

Maniklungit, radèn, darah Bali, suwita dhatêng Sinuhun Sunan Kabanaran, XIII~8.

Manggalagita, tumênggung, pêpatihipun Pangeran Suryadikusuma, VI~19.

Mangkarawati, sang prabu, mriks. Tubagus Buwang.

Manglewa, ngabdi dhatêng Kabanaran, kaparingan nama Mas Dêmang Bondhanarungan, XI~44.

Mangkubumi, pangeran, mriks. Radèn Mas Sujana.

Mangkujaya, Mantri Madiun, minangka kartawadananipun prajurit Madura, XIX~71.

Mangkuyuda, ki tumênggung, mriks. Sutamarta.

Mangkuyuda, tumênggung, Bupati Surakarta nyuwun kèndêl jalaran sakit, lajêng dipun gêntosi nak-sanakipun piyambak ingkang sampun dados kliwon nama Ngabèi Martawijaya; pawingkingipun Tumênggung Dhongkol Mangkuyuda kawisudha dados patih, nama Adipati Mangkupraja, XIX~23.

Mangkuyuda, tumênggung, kapupu ing prang wontên Matesih mêngsah Tumênggung Surabrata Panaraga, XIV~22.

Mangkukusuma, pangeran, kapupu ing prang wontên ing Panaraga; putra kakung suwita dhatêng Kasultanan kawisudha nama nunggaksêmi ingkang rama, XV~24; XXI~73.

Mangku(di)ningrat, pangeran, mriks. Radèn Mas Sabar.

Mangkudipura, pangeran, rumiyin nama Mangkunagara, adipati Madiun; nama Mangkunagara kapundhut dhatêng Sinuhun Kabanaran supados botên sami kalihan Pangeran Mangkunagara inggih Radèn Mas Sahid; pêjah sakit wontên ing pabarisan Pandhanwarih, XII~42, 53; XIII~52.

Mangkudipura, pangeran ing Madiun, putra Arya Mangkunara, têluk dhatêng Mangkunagaran, nanging mbalik malih suwita dhatêng Kasultanan, XVIII~57.

Mangkudirja, Bupati Gowong tanêmanipun Sinuhun Sunan Kabanaran; asli saking Kêdhu, prajurit gêgêdhug, ingkang mêjahi Kapitan Huce, IX~71; XXI~54.

Mangkudirja, tumênggung, pêpatihipun Pangeran Mangkukusuma, VI~19.

Mangkudiwirya, ngabèi, adhinipun Tumênggung Cakradiwirya Bupati Pathi, lurah magang ing Surakarta, andhèrèk sang prabu mapagakên Pangeran Mangkubumi nalika ngrampit kitha, IV~47.

Mangkudiwirya, adhinipun Mangkuwijaya, putranipun Adipati Mangkupraja pêjah linawe, kapundhut putra dhatêng Sinuhun Sultan Kabanaran; pawingkingipun kawisudha nama Pangeran Singasêkar (Singasari), lêlurahipun putra pulunan sadaya, IX~66; XXI~72.

--- 20 ---

Mangkunagara, Kangjêng Gusti Pangeran Adipati Anom, (putra Sinuhun P.B. II), I~12.

Mangkunagara, tumênggung, Bupati Jipang, senapati pabarisan ing Pagêrwaja, III~4.

Mangkunagara, pangeran, mriks. Radèn Mas Sahid.

Mangkunagara, arya, Adipati Madiun, mriks. Mangkudipura.

Mangkunagara, pangeran ing Sumênêp, VIII~67.

Mangkupraja, pêpatih Surakarta gêntosipun Pringgalaya, rumiyin nama Tumênggung Mangkuyuda Dhongkol, têdhak Sêsela, XIX~26, 31.

Mangkupraja, radèn tumênggung, nak-sanak tuwin ipe dalêm, senapati prajurit Surakarta ingkang badhe nyêpêng Pangeran Mangkubumi; nalika pêrang ing Tidhar kacêpêng dhatêng Suryanagara, lajêng kaabdèkakên dhatêng Sinuhun Sultan Kabanaran, kaparingan sêsêbutan adipati. Sarêng kadhawuhan ngêlar jajahan dhatêng Kêdhu madanani tiyang bumi sarta dados kanthinipun Pangeran Adiwijaya, badhe têluk dhatêng Kumpêni, konangan, lajêng linawe, III~71; VIII~34; IX~65.

Mangkuwijaya, putranipun Adipati Mangkupraja pêjah linawe, kapundhut putra Sinuhun Sultan Kabanaran; pêjah pêrang wontên Kêdhu, mêngsah Pandarpol lan Kulman, IX~66; XII~59.

Mangunjaya, kawisudha dados Bupati Pathi, sisihanipun Tumênggung Wangsakusuma, IV~70.

Mangunjaya, kawisudha dados wadana gêdhong têngên Mataram nama Tumênggung Mangunnagara; sarêng sampun bêdhami kaabdèkakên dhatêng Surakarta, kangge lintunipun Ki Saradipa, XVII~69; XVIII~15.

Mangunjaya, kaliwon gêdhong kiwa Ngayogyakarta, XXI~8.

Mangunjaya, mriks. Sutamanggala.

Mangunjaya, tumênggung, punggawa Mangkunagaran, têngga pasanggrahan Pasunggingan, IV~59.

Mangunyuda, kaliwon gêdhong têngên Ngayogyakarta, XXI~80.

Mangunkusuma, tumênggung, mriks. Radèn Undhakan.

Mangunnagara, tumênggung, têtindhihing prajurit Surakarta, kalurugakên dhatêng Gêbang, II~13.

Mangunnagara, tumênggung, mriks. Mangunjaya.

Mangunnagara, radèn ngabèi, abdi Kabanaran, pêjah sampyuh kalihan Dhaèng Bêrsudhah nalika pêrang ing Pakalongan, XI~32.

Mangunonêng, rumiyin pêpatihipun Sunan Cina, kabucal dhatêng Batawi, kadadosakên lêgojo, lajêng dipun utus ing Kumpêni ngrêrapu panggalihipun Pangeran Mangkubumi, wusana dipun pêjahi wontên ing Kabanaran, VI~51.

Mangunrêjasa, abdi Mangkunagaran, andhèrèkakên gustinipun nalika nêmtokakên bêdhami wontên ing Salatiga, XXI~32.

Mangure, radèn rangga, mriks. Galengsong.

Mancanagara, mas riya, pêpatihipun Panêmbahan Cakraningrat, nindhihi prajurit Madura, kabantokakên dhatêng Kumpêni, VI~74.

Mapêgir, dhaèng, XI~31.

Margêpak, dhaèng, têtindhihipun prajurit Kumpêni Islam kabantokakên dhatêng pabarisan ing Pagêlèn, X~17.

Marionêng, èndhèl badhaya Panaraga, dipun umpêtakên dhatêng Pangeran Mangkunagara, XII~68.

Markèt, litnan, têtindhihipun prajurit Kumpêni, kabantokakên dhatêng Banyumas, VII~48.

Marjan, abdi suranata ing Kabanaran, IX~64.

Marêgês, dhaèng, têtindhihipun prajurit Tarnite, kabantokakên dhatêng Ungaran, X~56.

Margaewuh, mantrinipun Adipati Panaraga, kautus sowan dhatêng Mangkunagaran, XII~16.

Margêpak, dhaèng, têtindhihipun prajurit Kumpêni Islam, pacakbaris ing Pagêlèn, VIII~65.

Martadipa, pangiridipun prajurit kapalan Tumênggung Arungbinang, XIII~35.

--- 21 ---

Martadipa, mantri ing Wawaja, pacakbaris wontên ing Talaga sisih lèr, VIII~4.

Martadipura, ngabèi, pangirid prajurit kapalan, mantrinipun Tumênggung Arungbinang, kabantokakên dhatêng Banyumas, XIII~13, 35.

Martajaya, = Martawijaya, I~40.

Martaduta, abdi gandhèk Kabanaran, kautus mriksani sakitipun Tumênggung Suradimênggala, XIII~68.

Martakusuma, radèn, putra Pangeran Adinagara, suwita dhatêng Kasultanan kawisudha nama Pangeran Arya Natasana, XXI~72.

Martalaya, radèn, abdi Mangkubumèn, ambêbujêng prajurit Kumpêni dhatêng ing Dêmak; tumut pêrang wontên ing Sima mêngsah prajurit Mangkunagaran, kêtaton ngantos rêkaos, II~16; XX~3.

Martalaya, inggih Sewaka, Bupati Madiun, XXII~53.

Martalaya, abdi Mangkuratan, gadhah kalangkungan sagêd nglumpati lèpèn Kadhiri, pêjah sampyuh kalihan Martapura wontên ing Japara, XVII~58.

Martalaya, tumênggung, mriks. Surawijaya.

Martamanggala, anakipun Adipati Suradiningrat ing Panaraga, ibu saking Puluhwatu, ngabdi dhatêng Kabanaran, kawisudha dados bupati nama Radèn Tumênggung Surabrata; sarêng pêjah lajêng dipun gêntosi adhinipun nama Bratawirya, mantunipun bupati anom ing Grêsik, XII~48, 56; XVII~18.

Martanagara, tumênggung, Bupati Dêmak lèr, suyud dhatêng Kumpêni; nanging botên wantun dipun bên kalihan Pangeran Mangkubumi, II~76; III~27.

Martanagara, tumênggung, bupati Kêboan (Pagêlèn), tanêmanipun Sultan Dhandhun, rumiyin apangkat patinggi, V~17.

Martanagara, têtindhihing pabarisan ing Jagabaya Pagêlèn, abdi Kabanaran. VIII~4.

Martanata, mantri ing Kalalung, abdi Kabanaran, XIV~34.

Martanata, rumiyin dipun tumuti Tumênggung Cakrajaya, III~66.

Martapura, abdi Mangkuratan, sagêd nglumpati lèpèn Kadhiri, XVII~58.

Martapura, ngabèi, mantrinipun Pangeran Purbaya, tiwas wontên ing paprangan Bayalali, VII~9.

Martapura, mriks. Paridan.

Martasari, radèn rangga, mantunipun Adipati Pugêr, suwita dhatêng Sultan Dhandhun, pêrang kawon lajêng têluk dhatêng Mangkunagaran, V~34.

Martasura, mantri sêsêpuh ing Surakarta, wontên ing pabarisan dipun balithuk dhatêng Surajaya, prajurit Mangkunagaran, II~30.

Martatruna, ki, abdi Mangkubumèn, kawisudha dados bupati nama Tumênggung Brajamusthi, I~53.

Martèngjirih, sultan, pamoyok lan panguman-umanipun tiyang Pagêlèn dhatêng Sultan Dhandhun, V~17.

Marcu Sepati Murti, ki sèh, sêsêbutanipun Adipati Pugêr, VIII~19.

Martawijaya, ngabèi, mantrinipun Tumênggung Anggawangsa, VII~53.

Martawijaya, radèn ngabèi, mriksanana Mas Brêmara, I~38.

Martawijaya, radèn, anakipun Tumênggung Atmanagara, nungkul dhatêng Pangeran Mangkubumi, lajêng kapacak dados bupati ing Dêmak lèr, sarta kaparingan nama Tumênggung Suranata, pawingkingipun angsal sêsêbutan adipati, I~53; II~18, 68; III~34.

Matahati, mas ajêng, garwanipun Pangeran Mangkunagara, II~34.

Mataun, Bupati Jipang tugur wontên Surabaya, XIII~51, 67.

Mataram, pangeran arya, rayi Sinuhun P.B. II, I~42; dados pramugarinipun para santana, kaparingan nama Pangeran Arya Buminata, III~51.

Matawis, kyai agêng, asmanipun Sinuhun P.B. II sasampunipun sèlèh kaprabon, VI~32.

Macan, pangeran ing Sumênêp, êmbah canggahipun Pak Nisab trah Brawijaya, VIII~19.

--- 22 ---

Mêgatsari, radèn arya, nak-sanakipun Suwandi Suryanagara, dados senapati pabarisan Juwana, IV~68.

Mênus, rangga, kadhawuhan ngêlar jajahan dhatêng tanah Matesih, XIV~32.

Mesabathit, lêlurah prajurit sikêp waos binang Pakubuwanan, XX~53.

Mesabothi, lêlurah prajurit sikêp waos binang Pakubuwanan, XX~53.

Mesajaladri, lêlurahipun prajurit saragêni Surakarta, XVIII~47; XX~53.

Mesakakatrang, lêlurah prajurit sikêp waos binang Pakubuwanan, XX~53.

Mesasura, lurah saragêni Pakubuwanan, sisihanipun Mesajayaladri, XX~53.

Mesapanular, kyai, dhuwung agêmipun pangeran adipati anom, nalika badhe mapagakên ingkang paman Pangeran Mangkubumi, IV~46.

Mesatankongkih, rumiyin nama Panji Gringsing, lurah dora pati, XX~78.

Mintaraga, sanepanipun Dêlèr Undur nyirêp kraman ing Bantên, IX~43.

Mlayakusuma, anakipun Pangeran Martalaya Madiun, kajunjung dados bupati ing Caruban, XIV~27.

Mlayakusuma, tumênggung, abdi Surakarta kalurugakên dhatêng Sêmbuyan, I~79; kalurugakên dhatêng Gêbang, II~13; senapati ingkang badhe pêrang kalihan Pangeran Mangkubumi, III~71.

Muktasim, Kaji Amat, tiyang Kêdhunggudèl sagêd basa Arab, kadhawuhan anjurubasani Sèh Ibrahim, XV~58.

Mukkidin, prajurit suranata pinilih Kabanaran, pêjah pêrang wontên ing Panaraga mêngsah Pangeran Mangkunagara, XV~17.

Murmajaya, ngabèi, mantri lurah patangpuluh, pêjah dipun rampog dening Kumpêni Islam, XVII~16.

Musa Ngidrus, oliya ing Selong, gurunipun Pangeran Juru, XXI~84.

Mustaha, abdi suranata ing Kabanaran, IX~64.

Mustapa, Sultan Rum, XIV~63.

Mustapa, Sultan Bantên, kakendhangakên dhatêng Selong, nanging lajêng kawangsulakên malih kalênggahanipun lami, IX~42.

Mustapa, ki, mriks. Tubagus Buwang.

N.

Nayabangsa, ngabèi, kanthinipun Patrayuda ngêmban dêduka Sinuhun P.B. III dhatêng Adipati Pringgalaya, XVIII~31.

Nayaburuh, badhutipun tiyang Kêmlayan, gêgambaranipun Pangeran Bintara, XVIII~11.

Nayagarwa, ngabèi, lurah martalulut kadhawuhan nuwêk Mangunonêng, VI~64.

Nayagarwa, kajinêman Kapurbayan, gêgambaranipun Pangeran Bintara, XVIII~11.

Nakula, gêgambaranipun Tumênggung Suramangunjaya, XIV~74.

Naladirana, ngabèi, utusanipun Gupêrnur Samarang ngaturakên sêrat dhatêng Pangeran Adipati Sukawati, VI~12.

Naladirana, tumênggung, wadana bumija, unduran saking Samarang, sakit ewah lajêng dipun kèndêli, VIII~35.

Naladirja, radèn tumênggung, kanthinipun Radèn Tumênggung Jawikrama, kautus Sinuhun P.B. II maringakên sêrat ulêm dhatêng Pangeran Mangkubumi, I~65; senapatining pabarisan ing Kamalon, II~45.

Nalayuda, maling pêthut, kaangkat dados bupati dhatêng Pangeran Anom, nama Tumênggung Ujungsabata, XIX~60.

Nalasuta, ing Banyuurip, ngaturi piwulang dhatêng Pangeran Adiwijaya, bilih satriya punika namung kenging gadhah kasênêngan warni kalih: wanita lan turangga, VIII~9.

--- 23 ---

Narakasura, prabu, ratu ing Trajutrisna, kangge mindhakakên wujudipun Gupêrnur Hogêndorêp, nalika anjumênêngakên nata pangeran adipati anom, putra Sinuhun P.B. II, VI~31.

Natabaya, pangeran arya, mriks. Radèn Bagus Komplo.

Natabrata, radèn tumênggung, anakipun Adipati Suradiningrat Panaraga, mantunipun Radèn Natakusuma, rumiyin nama Radèn Cakranagara, kawisudha dados bupati dening Sinuhun Sunan Kabanaran, XII~56.

Natadiwirya, radèn, anakipun Adipati Suradiningrat Panaraga, XII~56.

Natayuda, bupati bumija, ipe Pangeran Adiwijaya, tumut ngêlar jajahan dhatêng tanah Kêdhu, kapupu ing prang wontên ing Parakan Kêndhal, VIII~34, 36.

Natayuda, nyai tumênggung, abdi kasultanan, kautus murugi Radèn Rara Maliyah tuwin mangsulakên tumbak Kyai Liyêp dhatêng Mangkunagaran, XXI~87.

Natayuda, radèn, Senapati surakarta, badhe ngantêp pêrang kalihan Pangeran Mangkubumi III~71.

Natayuda, tumênggung, rumiyin nama Cakranagara, mantunipun Tumênggung Mangkuyuda ing Kêdhu, XVI~26.

Natakusuma, adipati, ing Selong, kondur dhatêng Ngayogyakarta, kaparingan nama Pangeran Juru, mangagêngi sadaya abdi mutihan, XXI~71.

Natakusuma, radèn ayu, angsal pasangan saking jendral, nunggil kalihan ingkang raka, XXI~60.

Natanagara, adipati, nama ingkang badhe kaparingakên dhatêng Tumênggung Arungbinang manawi purun ngabdi dhatêng Sinuhun Sunan Kabanaran, X~24.

Natasingron, Mantri Mangkubumèn, kawisudha nama Tumênggung Rêksanagara, I~53; III~9.

Natapura, pangeran arya, mriks. Radèn Mas Pandi.

Natapura, têdhakipun Tumênggung Mataun, kawisudha dados Bupati Jipang dening Sinuhun Sunan Kabanaran XIII~51;XXI~73.

Natasana, pangeran arya, mriks. Radèn Martakusuma.

Natawijaya, radèn, Bupati Kaduwang, rumiyin nama Pangeran Dewakusuma, I~70.

Ngabdulrahman, Sayid, ingkang kapindha uprup nalika Pangeran Mangkubumi jumênêng nata, dipun trimani putri Kablitaran, nak-sanak Mangkubumèn, VI~28, 29.

Ngabdullah, ki, mantri mardikan ing Wêdhi, lajêng dados pangulu ing Mataram, nama Dipaningrat, VI~29; IX~62; XXXI~71.

Ngabèi, radèn ayu, angsal pasangon saking jendral, XXI~60.

Ngabèi, pangeran, kalêbêtakên ing gêdhong paresan, salajêngipun kabucal dhatêng Selong, awit saking karsanipun Pangeran Buminata, VI~33,37; putranipun kakung ugi asma Pangeran Ngabèi, nyêntana dhatêng ingkang paman Kangjêng Sultan, kaparingan nama Pangeran Silarong, XXI~72.

Ngalimuktaha, prajurit suranata pinilih Kabanaran, pêjah pêrang wontên ing Panaraga mêngsah Pangeran Mangkunagara, XV~17.

Ngalimuntaha, prajurit suranata, pêjah pêrang kalihan Kumpêni wontên ing Pakalongan, XI~35.

Niyat, mbok, sêlir Mangkunagaran, kaul anggendhong sirahipun Kapitan Pandêrpol ngantos tigang dintên, XIX~49.

Nilasraba, mriks. Udasara.

Nilacala, ngabèi, mantrinipun Pangeran Purbaya, tumut pacakbaris wontên ing Pagêlèn, VIII~65.

Nisab, pak, tiyang tapa ing Madura, dipun bujuk dhatêng Adipati Pugêr, kapurih ngraman mêngsah Adipati Cakraningrat, sarta kapurih santun nama Panêmbahan Lokantara, wusana pêjah dening Mas Riya Mancanagara, VIII~19, 29.

Nitidiningrat, tumênggung, bupati lêbêt, kanthinipun Pakuningrat, nglurugi mêngsah kilèn Wanakarta, III~53.

--- 24 ---

Nitinagara, tumênggung, êmbanipun Radèn Mas Sujana inggih Pangeran Mangkubumi, X~74.

Nitinagara, tumênggung, ngêtêrakên Mayor Tênangkus dhatêng Samarang, II~59; kapindhah dados bupati lêbêt kaparak kiwa, VI~34.

Nititirta, tumênggung, abdi Mangkunagaran, andhèrèk pacakbaris wontên ing Kamalon, IX~3.

Niwata, prabu, Ratu Ngimantaka, kangge sanepanipun kraman Bantên Tubagus Buwang, IX~43.

Nurali, kenthol, prajurit suranata tatu pêrang kalihan Kumpêni wontên ing Pakalongan, XI~35.

Nuriman, ki, rumiyin dados kaumipun Tumênggung Jayadirja, gadhah anak satunggal èstri nama mbok Saridah, dados garwanipun Sultan Bantên, XV~27.

U.

Udanagung, prajurit Mangkunagaran sagêd numbak Pangeran Mangkuningrat nalika pêrang ing Sima, XX~9.

Udanpanas, ki, ngabèi, lêlurah wong durapati, bojonipun bakul garêji, XX~52.

Udanriris, lurah wong durapati Pakubuwanan, sisihanipun Ki Ngabèi Udanpanas, XX~53.

Udasara, ing Rendhetan, gamêlipun Martanaya, dados lurah prajurit, santun nama Nilasraba, sinêngkakakên ing aluhur dhatêng Sinuhun P.B. II apangkat bupati nama Tumênggung Cakrajaya, VII~22; wusananipun malik tingal suwita dhatêng Sunan Kabanaran, VII~25.

Undakan, radèn, anakipun Mangunonêng, kawisudha dening Pangeran Mangkubumi dados Bupati Pathi, kaparingan nama Radèn Tumênggung Mangunkusuma, IV~70.

Upas, kyai, tumbak, wasiyat nagari Kudus, dipun bêkta Suwandi Anggakusuma lajêng dipun pundhut Sinuhun P.B. II, I~55.

Urawan, tumênggung, mriks. Ki Bênêr.

Urawan, adipati, nama ingkang badhe kaparingakên dhatêng Tumênggung Arungbinang manawi purun ngabdi dhatêng Sunan Kabanaran, X~24.

Urawan, radèn tumênggung, pêpatihipun Pangeran Adiwijaya, VI~10.

Urawan, adipati, abdi Mangkunagaran, gadhah kalangkungan: manawi wontên blarak dhawah sagêd mastani pintên januripun lan sanès-sanèsipun; rumiyin nama Dêmang Sêndhi, XVII~59.

P.

Padmiyah, radèn rara, anakipun Adipati Suranata, kapundhut putra dhatêng Sinuhun Sunan Kabanaran, lajêng katarimakakên dhatêng Sultan Bantên, XV~31.

Pagêrwaja, kapal kore dhawuk, titihan Sinuhun P.B. III, XXI~19.

Paku Buwana II, sinuhun, ingkang miwiti ngadhaton wontên ing Surakarta, I~3; seda sumare ing Lawiyan, dipun gêntosi putra, (Paku Buwana III).

Paku Buwana, susuhunan, mriks. Radèn Mas Sujana.

Pakuningrat, pangeran, rumiyin asma Tumênggung Wiryadiningrat, mantu Sinuhun P.B. II, I~68; bupati jaba, têtindhihing prajurit ingkang badhe anggêpuk mêngsah kilèn Wanakarta, III~53; kapindhah dhatêng jawi dados bupati agêng, VI~34; wadana kaparak kiwa Surakarta, minggat samantrinipun suwita dhatêng Kabanaran, dipun pêthuk dhatêng Tumênggung Surawijaya, XI~79.

Pakuningrat, pangeran, mriks. Jomblo.

Pal, mayor, têtindhihipun prajurit Walandi ingkang ngundurakên Pangeran Mangkubumi saking kitha Dêmak, II~16; kasambut ing prang Gowong, X~42.

Palêk (Valk), sarean Kumpêni usar bangsa Walandi, têluk dhatêng Sinuhun Sunan Kabanaran, lajêng kadadosakên dêmang prajurit saragêni, nama Imajaya, VII~73; IX~13, 36.

--- 25 ---

Pambêrêg, pangiridipun prajurit Pagêlèn ambêbujêng Tumênggung Arungbinang, X~11.

Pamêcut, kyai, mriyêm pusaka ing Wanakarta, dipun risak dhatêng Uprup Durgèl, XXI~97.

Pamot, pangeran arya, mriks. Radèn Ranakusuma.

Pamot, pangeran, mriks. Radèn Mas Sambiya.

Panatas, kyai, tumbak agêmipun Pangeran Adipati Anom nalika badhe mapagakên ingkang paman Pangeran Mangkubumi, IV~46.

Panatas, arya, êmbanipun Pangeran Adipati putra Sinuhun Sultan Mataram, XIX~12.

Panatasingron, Dêmang Kabanaran, kajunjung dados bupati nama Tumênggung Wrêksanagara, XIV~32.

Pandarpol, Pandêrpol, Pandêrpul, kapitan, têtindhihing pabarisan Kumpêni ing Kêdhu, XII~58; kapupu prang wontên ing Selakêpyak, mêngsah Pangeran Mangkunagara, XIX~49.

Pandhawajaya, ngabèi, punggawa ing Japan kadhawuhan mêthuk anak-anakipun Ibrahim turun Untung Surapati, XII~78.

Pandi, radèn mas, putra Pangeran Bintara, suwita dhatêng ingkang paman Sinuhun Sultan, lajêng kaparingan nama Pangeran Arya Natapura, XIX~12.

Panji, kyai, dhuwung dipun paringakên dhatêng Mangunnagara, lajêng dipun angge dhatêng Jayakartika, IV~24.

Pan Êmut, baron, gurnadur jendral (G.G. baron van Imhoff), dhawuh angêlongi sabinipun Pangeran Mangkubumi, III~32.

Panolih, Panolèh, putra Sinuhun P.B. III, XVII~61, 79.

Panular, pangeran, rayi Sinuhun P.B. II, I~42; lolos saking Surakarta, suwita dhatêng ingkang raka Pangeran Mangkubumi, V~42; kasantunan asma Pangeran Mangkukusuma lênggah sabin 1500, tilas lênggahipun Tumênggung Suryanagara, V~46.

Pancadriya, mantrinipun Mangunonêng, dipun jak sowan dhatêng Kabanaran, VI~56.

Pancanagara, mas arya pêpatih ing Madura, VII~28.

Pancatnyana, mantrinipun Sunan Adiprakosa, I~58.

Pancuran, pangeran arya, mriks. Tirtakusuma.

Paridan, diwasanipun nama Tumênggung Martapura, gêgêdhuging prajurit jaman Pacina, kaplajêng dening Pangeran Mangkubumi; sarêng Pangeran Mangkubumi mêdal saking nagari lêlana andon prang Martapura ngabdi, katampèn, kaparingan nama Adipati Pugêr, agêng panguwasanipun, ngangge pêparap Ki Sèh Marcu Senapati Murti; sarêng sampun sêpuh, lajêng dipun dhongkolakên tiyang 100, dumugi pêjahipun, I~5, 53; VIII~19; XIV~56; XVI~69.

Parikêsit, mriks. Radèn Supama.

Patradipa, Bêkêl Ngêmbêl, kautus mundhut palilah dhatêng gupêrnur bab jumênêngipun nata Pangeran Mangkubumi, VI~35.

Patraduta, pangiridipun prajurit Pagêlèn ambêbujêng Tumênggung Arungbinang, X~11.

Patrayuda, abdi ingkang ngêmban dêduka Sinuhun P.B. III dhatêng Adipati Pringgalaya, XVIII~31.

Patrakelasa, bangsa Walandi dados wajidanipun Tumênggung Arungbinang, XI~66.

Patramênggala, asli saking Têgal, abdi Mangkubumèn, kaparingakên dhatêng Mangkunagaran, kautus dhatêng Batawi dados kanthinipun Ngabèi Sêcadirana, XIX~57.

Patrasuta, mantri ing Pace, pacakbaris wontên ing Panaraga badhe mapagakên Pangeran Mangkunagara, XII~46.

Pebêr, mayor, têtindhihipun prajurit Kumpêni ing barisan Dêmak, IV~78; senapati pabarisan Kumpêni ing Kêdhu, XII~58.

Pêgatsari, radèn arya, bupati Pathi, XVII~8.

--- 26 ---

Pêsaja, kuda kore titihanipun Adipati Suradiningrat ing Panaraga, XII~50.

Petrus Albèrtus Pandêr Para, hèrdhirèktur ing Batawi, IX~34.

Pitlar, têtindhihipun prajurit dragundêr, XVIII~46.

Pudhakmiring, tiyang Bali suwita dhatêng Pangeran Mangkubumi, III~8.

Pugêr, adipati, mriks. Paridan.

Pulangjiwa, ngabèi, kancanipun Ngabèi Tirtawijaya mapagakên mêngsah ingkang ngrampit kitha Sala, III~78.

Pulangjiwa, mantunipun Martapura, dipun kanthi ing Kumpêni, mêngsah marasêpuhipun, I~54.

Pulangrêsmi, tiyang Bali suwita dhatêng Pangeran Mangkubumi, III~8.

Pulangrêsmi, têtindhihipun prajurit Surabaya, ambiyantu Pangeran Mangkubumi, V~62; minggat lajêng suwita dhatêng Adipati Cêbolang, XIII~70.

Pulangsari, tiyang Bali suwita dhatêng Pangeran Mangkubumi, III~8.

Purawijaya, radèn, anakipun Adipati Suradiningrat Panaraga, XII~56.

Purbaya (Purubaya), pangeran, mriks. Radèn Mas Sutara.

Purbayuda, Dêmang Juwana sisihanipun Dêmang Jayanagara; ugi nama Purbalêgawa, IV~70.

Purbakusuma, radèn, anakipun Adipati Suradiningrat Panaraga, XII~56.

Purbanagara, abdi sêpuh Sultan Dhandhun Martèngsari, sadhèrèkipun sêpuh Tambakbaya lan Tambaknagara, I~62.

Purbaningrat, tumênggung, abdinipun Sultan Dhandhun Martèngsari, I~59.

Purubaya, radèn ayu, radèn dêmang, angsal pasangon saking jendral, XXI~60, 69.

Purwadipura, panji, ipenipun sang panêmbahan, nindhihi prajurit Madura kabantokakên dhatêng Kumpêni, VI~75.

Purwadipura, rangga, anakipun Tumênggung Nitinagara; kengkenanipun Adipati Jayaningrat ing Pakalongan, ngaturakên sêrat dhatêng Sinuhun Sunan Kabanaran, X~73.

Purwakusuma, radèn, anakipun Adipati Suradiningrat Panaraga, XII~56.

Purwanagara, mriks. Radèn Sumbarja.

Purwawijaya, mantri anom kaparak Kabanaran, kautus maringakên sêrat panantang dhatêng Madiun, XII~41.

Puspajaya, pulunanipun Jayawinata, ngabdi dhatêng Kabanaran, kawisudha dados bupati nama Tumênggung Sujanapura, V~45.

Puspajaya, mantri anom kaparak Kabanaran, kautus maringakên sêrat panantang dhatêng Madiun, XII~41.

Puspakusuma, wadana kaparak kering, anakipun Puspanagara, abdi Kasunanan, XXI~121.

Puspanagara, tumênggung, mriks. Tumênggung Panji Tohjaya.

Puspanagara, tumênggung, putranipun Adipati Sindurêja, mapagakên mêngsah ngrampit kitha Sala, III~79.

Pusparana, radèn tumênggung, Bupati Jagaraga, abdi Mangkubumèn, III~34.

Puspawijaya, radèn ngabèi, pulunan saha pêpatihipun Tumênggung Jayawinata, kautus ngaturakên sêrat dhatêng Pangeran Mangkunagara, V~8, 19.

Puspawijaya, abdi Mangkunagaran, dipun kanthi Tumênggung Kudanawarsa, mapagakên prajurit Pringgalayan, II~24; têtindhihipun prajurit Mangkubumèn, pacakbaris wontên ing Banaran, V~23.

Puspawiguna, mas dêmang, pêpatihipun Adipati Suryanagara, nindhihi pabarisan ing Kêdhu, XII~15.

Pussèl, Senapati Walandi ing pabarisan Pagêlèn momonganipun Tumênggung Arungbinang, XXI~99.

Ponggol, dhaèng, têtindhihipun prajurit Kumpêni Islam, kabantokakên dhatêng pabarisan ing Pagêlèn, X~17.

--- 27 ---

Por, mayor, têtindhihipun prajurit usar, kabantokakên dhatêng Kêdhu, V~11; kasambut ing prang (Tanjung lan Patidhar), X~42.

Postêr, litnan, kumêndhan Bayalali, minggah dados kapitan, nindhihi pabarisan ing Watulêmbu, IX~31; pêjah dipun pistul dhatêng Tumênggung Jayadirja, X~7.

Pottêr, têtindhihipun prajurit Kumpêni ing Bayalali, VI~66.

Prabakesa, tiyang Bali suwita dhatêng Pangeran Mangkubumi, III~8.

Prabu Jaka, pangeran arya, mriks. Pangeran Singasari.

Prajadipa, mantrinipun Tumênggung Arungbinang, XI~67.

Pramuka Jayamintara, mustakaning ahli budi, pêparabipun Adipati Pugêr, XII~28.

Pramusita, rangga, abdi Mangkunagaran, têngga pasanggrahan pasunggingan, IV~59; têluk dhatêng Kasultanan, XVIII~74.

Prangwadana, pangeran arya, mriks. Radèn Wiryakusuma.

Prawiradigdaya, ugi nama Surawijaya, mantri Mangkunagaran ambalik dhatêng Kabanaran, XVI~19.

Prawiradipura, ugi nama Surajaya, anakipun Tumênggung Kurdhanagara, tumut bapakipun suwita dhatêng Kabanaran, tumut dipun lunas, XVI~19.

Prawiradir(ê)ja, radèn rangga, mriks. Gatha.

Prawirasêkti, kaliwon kaparak kiwa Mataram, XV~39; XVII~69; têtindhihipun para mantri prajurit jêro, sisihanipun Ranadirada, andhèrèk tindakipun Adipati Danurêja dhatêng Salatiga anjênêngi têtêping bêdhaminipun Pangeran Mangkunagara, XXI~35.

Pringgadipura, anakipun Adipati Pringgalaya, kawisudha dados bupati agêng sarta pinaringan nama sarta sêsêbutan Radèn Tumênggung Pringgadiningrat, VI~36; ambalik samantrinipun suwita dhatêng Kabanaran, XIV~75.

Pringgadiningrat, radèn tumênggung, mriks. Pringgadipura, VI~36.

Pringgalaya, radèn adipati, ipe saha pêpatih Sinuhun P.B. II, I~6; pêjah nguntal warangan jalaran kawiyak culikanipun, XIX~23.

Pringgalaya, tumênggung, abdi Mangkunagaran, XVII~7; andhèrèk tindakipun Pangeran Pakuningrat sowan dhatêng Surakarta, XX~69; lajêng dados majêgan Mataram 1000, XXI~42.

Pringgawijaya, ngabèi, mantri Pringgalayan, pêjah pêrang mapagakên mêngsah ngrampit kitha, VII~43.

Pringgawicitra, ngabèi, pêpatihipun Adipati Pringgalaya, kautus dhatêng Samarang, ngaturi priksa dhatêng gupêrnur bilih Sinuhun P.B. II gêrah sangêt, VI~20.

R.

Rajamênggala, tumênggung, kanthinipun Jayakartika, pacakbaris ing sawetanipun rêdi Mêrapi lan Mêrbabu, IV~9.

Rajaniti, tumênggung Mataram, I~49; pacakbaris wontên ing Kali Kuning, ngêrèhakên mantri pacêkan lan numbakanyar, II~45; tugur wontên Surakarta lajêng kalurugakên ngantêp pêrang kalihan Pangeran Mangkubumi, III~71.

Ragayuda, têtindhihing prajurit Mangkubumèn, pacakbaris wontên ing Banaran, V~23.

Ranadilaga, mantri jêro Kabanaran, andhèrèk wangsulipun Sèh Ibrahim dhatêng Samarang, XVI~37.

Ranadigdaya, mantri Kabanaran kadhawuhan ngêlar jajahan dhatêng tanah Matesih, XIV~32.

Ranadimurti, mantri jêro Kabanaran, andhèrèkakên wangsulipun Sèh Ibrahim dhatêng Samarang, XVI~37; kawisudha dados kaliwon gêdhong kiwa, XVII~69; prajurit gêgêdhug asli saking Kêdhu, XXI~54.

Ranadipa, mantri pamacêkan ing Randhusana Kêdhu, katrimah anggènipun kêndêl pêrang, lajêng kawisudha dados bupati nama Tumênggung Singaranu, VI~46.

--- 28 ---

Ranadipura, abdi Mangkunagaran, kadhawuhan tumut amboyongi garwa putra dalah para sêntananipun Pangeran Pancuran dhatêng Samarang, XXI~45.

Ranadipura, mriks. Ranadiningrat.

Ranadirada, mriks. Ki Bênêr.

Ranadiningrat, tumênggung, rumiyin bêkêl dhusun, bagus warninipun, abdi Mangkubumèn, I~53; têluk dhatêng Surakarta, namanipun lajêng kasantunan: Ranadipura, XII~7; nilar Sala suwita dhatêng Kabanaran, XIII~71.

Ranakusuma, radèn, putra Pangeran Ngabèi, pulunan sultan, kawisudha nama Pangeran Arya Pamot, XXI~72.

Ranawijaya, ngabèi, abdi Mangkubumèn kautus ngaturakên pasumbang dhatêng Surakarta, I~67; kawisudha dados jaksa nama Tumênggung Sasmitasatra, VI~29; XVII~69.

Ranggawêrcita, lurah prajurit namèngyuda Pakubuwanan, XX~53.

Ranukusuma, rayinipun Pangeran Mangkunagara, XIV~31; dêdalêm wontên ing kilèn Suranatan cakêt kadhaton Surakarta, XXI~45; yuswanipun mèh sami kalihan Sinuhun P.B. III, nunggil taun, XXI~48.

Ranupati, mantri ing Gêdarèn, abdi Kabanaran, XIV~34.

Rangga, pangeran, pradikan ing Kadilangu, ambiyantu dhatêng Pangeran Mangkubumi, lajêng kaparingan nama Pangeran Rangga Baladewa, II~66; III~13, 16.

Rangga, pangeran arya, mriks. Radèn Mas Sutara.

Ranggabaki, kancanipun Ngabèi Tirtawijaya, mapagakên mêngsah ngrampit kitha Sala, III~78.

Ranggajaya, ki, kengkenanipun Tumênggung Arungbinang ngaturakên sêrat dhatêng Pangeran Mangkunagara, XI~56.

Ranggalêlana, mantrinipun Adipati Pringgalaya ndhèrèk pêrang wontên ing Tanjung, IV~73.

Ranggawarsita, lêlurah panumbak namèngyuda, Surakarta, XVIII~47.

Ratu Alit, putri putra Sinuhun P.B. II, katrimakakên dhatêng Tumênggung Wiryadiningrat, I~64.

Ratu Madurêtna, ingkang mbokayu Pangeran Mangkubumi, katrimakakên dhatêng Radèn Arya Endranata, III~35.

Reke, sarean, têtindhihipun saradhadhu nênêm dipun kanthèkakên Tumênggung Anggawangsa dhatêng Pagêlèn, VI~67.

Rêksanagara, tumênggung, mriks. Natasingron.

Rêksanagara, panji, gêgununganipun prajurit Madura ambiyantu Kumpêni, sisihanipun Panji Sumanagara, III~9; pacakbaris wontên ing Kêndhêng, XX~26.

Rêksanagara, tumênggung Têgal, kabantokakên dhatêng Pagêlèn, VII~76.

Rêksanagara, tumênggung Têgal, tanêmanipun dêlèr, XI~61.

Rêksanagara, mas, mriks. Saleman.

Rêksapraja, abdi Purbayan, kawisudha dados bupati nama Tumênggung Kartanagara, VII~53.

Rèngkèl, kumêndhan, têtindhihipun prajurit Kumpêni, ambiyantu Banyumas, VII~52.

Rêsadirana, ngabèi, panamburipun Adipati Kudanawarsa, VI~55.

Rêsapati, dêmang, pangiridipun prajurit Kabanaran, badhe ambêdhah Banyumas, XIII~20.

Rikês, sêrsan, ambêkta sêrat wangsulan saking Sinuhun Sunan Kabanaran dhatêng ubrus, XVII~3; minggah dados kurnèt jalaran mênang pêrang wontên ing Madiun mêngsah prajurit Mangkunagaran, XVII~43.

Rondhon, gêndhing pundhutanipun Pangeran Mangkuningrat sasampunipun sowan ingkang sinuhun, XX~75.

Rubiyah, ni, bojonipun Ki Nuriman, êmbokipun Saridah, XV~42.

Rutan, ajidan, dutanipun mayor Histimolor, ngaturakên sêrat dhatêng Mataram, XIX~39.

--- 29 ---

S.

Sabandar, radèn, mantrinipun Panêmbahan Cakraningrat, XIII~22.

Sabar, radèn mas, pulunan Sinuhun P.B. II, diwasanipun asma Pangeran Mangkudiningrat utawi Mangkuningrat, mêdal saking nagari pacakbaris wontên ing Kêbomati, ajêjuluk Pakuwaja, sowan dhatêng Surakarta dados wêwakilipun ingkang raka Pangeran Mangkunagara, I~6; III~52; XX~69; salajêngipun suwita dhatêng Kasunanan kaparingan sabin 500 lan gadhah pacitan 200, ugi kasêbut Pangeran Timur, dêdalêm wontên ing Gading kêmpal Tumênggung Arungbinang, XXI~21, 41.

Sadewa, gêgambaranipun Tumênggung Ranadiningrat, XIV~74.

Sahid, radèn mas, diwasanipun asma Radèn Mas Arya Suryakusuma, pulunan Sinuhun P.B. II, lolos saking nagari pacakbaris lajêng sêsilih asma Pangeran Adipati Mangkunagara, nunggaksêmi ingkang rama, I~6; kapundhut mantu ingkang paman Pangeran Mangkubumi sarta pinaringan sêsêbutan adipati, senapati paprangan panata baris lêlana dikarèng rat, V~45; lajêng malik tingal mêngsah ingkang paman Sinuhun Sunan Kabanaran, jumênêng nata jêjuluk Sunan Adiprakosa, I~58; XVI~51; wusananipun lajêng suwita dhatêng Surakarta kaparingan lênggah sabin 4000 asma Pangeran Adipati Mangkunagara, senapatining payudan, XXI~39.

Sakèbêr, kaangkat dados mayor awit ingkang sagah dados senapati badhe ngantêp prang kalihan Pangeran Mangkubumi, III~68; kasambut ing prang (Tanjung lan Patidhar), X~42.

Sakèndhèr, baron, pêpindhanipun Oprup Totlomondo nalika nindhihi prajurit Kumpêni badhe anggêbag Mataram, VIII~57.

Salambèr (Salêmbèr), kapitan, têtindhihipun prajurit Kumpêni saking Batawi, kabantokakên dhatêng Banyumas, VII~66; têtindhihipun pabarisan Kumpêni ing Pagêlèn, momonganipun Tumênggung Arungbinang, lajêng minggah dados mayor kapindhah dhatêng Batawi, IX~31; XXI~99.

Saleman, diwasanipun nama Mas Rêksanagara, patih lêbêt Cakraningratan Madura, kadhawuhan mapagakên kraman pak Nisab, VII~21.

Salotêr, (Salotor) kapitan, têtindhihipun prajurit Kumpêni, anjagi kadhaton Surakarta, I~69; senapati prajurit Kumpêni kabantokakên dhatêng barisan sumêngka, III~11.

Salpe, sarean, têtindhihipun dragundêr 14, mêthuk dhatêngipun prajurit Madura, XX~42.

Samadipura, mas ngabèi, anakipun Sumatali, abdi Mangkubumèn bêktan saking Kartasura, I~38; 53; namanipun kapundhut, lajêng kaparingan nama enggal Radèn Tumênggung Wiradigda, V~46.

Samangun, kapitan, pêjah pêrang kalihan prajurit Mangkunagaran, X~64.

Samba, gêgambaranipun Radèn Panji Kartayuda, satriya Madura, XX~43.

Sambiya, radèn mas, rayi Radèn Mas Sahid, pulunan dalêm Sinuhun P.B II, diwasanipun asma Pangeran Pamot, lolos saking nagari pacakbaris, ajêjuluk Kanitèn, senapati pabarisan Kalesan, ngêmpal dhatêng Tumênggung Jayawinata lajêng dipun aturi ngêlar jajahan dhatêng Kêdhu ambiyantu Pangeran Suryadikusuma; wusananipun seda nguntal racun wontên ing rêdi Katongan, I~6; III~52; V~10, 74.

Samsudin, kaptin, têtindhihipun prajurit Kumpêni Islam, mapagakên mêngsah ngrampit kitha Surakarta, IV~38.

Sana, Adipati Tuban, ingkang nyêpêng Tumênggung Sêcanagara lan Tumênggung Sasranagara, XII~25.

Sana, nyai, abdi Sinuhun P.B. III, XVIII~30.

Sanawati, radèn ayu ingkang eyang ajêng Matahati asli saking dhusun Ngêndho, II~35, 36; rumiyin garwa Sultan Balitar, patutan satunggal inggih punika ingkang ibu Pangeran Mangkunagara, XXI~22.

--- 30 ---

Sanèdêr, lutnan, têtindhihipun prajurit Kumpêni, X~61; pêjah pêrang kalihan prajurit Mangkunagaran, X~64.

Sani, pak, namanipun tiyang alit, cupêt budinipun, IX~67.

Sangunatajaya, pangiridipun prajurit Kabanaran ambêbujêng Tumênggung Arungbinang, X~11.

Sapanjang, ngabèi, têtindhihipun prajurit Surabaya sisihanipun Kandhuruhan ing Kêbolêngkir, XVIII~41.

Sapanjang, Dêmang Juwana, sisihanipun Dêmang Sisih (Singsèh?), pranakan Cina, IV~70.

Sapudin, litnan, têtindhihipun prajurit Kumpêni Islam, pacakbaris ing Pagêlèn, VIII~65.

Saradipa, kanthinipun Radèn Tumênggung Jawikrama kautus Sinuhun P.B. II maringakên sêrat ulêm dhatêng Pangeran Mangkubumi, I~65.

Saradipa, ngabèi, lungsuran pangulu ing Kartasura, ngili ing Wanakêrta tumut mantunipun, katut dipun pêjahi, III~56.

Saradipa, ki, abdi Sinuhun P.B. II, I~50; dipun kèngkèn Adipati Pringgalaya kapurih nampèkakên arta bêsêl dhatêng Mayor Tênangkus, II~56; nênggani Sinuhun P.B. II, nalika gêrah, VI~30; ngladosi Sèh Ibrahim rintên dalu, XV~58; sarêng sampun bêdhami kapundhut dhatêng Kasultanan, Kasunanan dipun aturi lêlintu Mangunnagara, XVIII~15.

Sarayuda, patih Samarang, dados kanthinipun Radèn Endranata lan Pangeran Wijil sowan Sinuhun Sunan Kabanaran ambêkta rêmbag bêdhami saking Kumpêni, V~47.

Sarang, pangeran pradikan, andhèrèk Sinuhun Sunan Kabanaran andon prang; XI~3.

Saridah, anakipun Ki Nuriman ing Rêpaking kedanan dhatêng Ki Mustapa inggih Sultan Bantên, lajêng kagarwa, XV~27.

Sarijah, kaptin, têtindhihipun prajurit Kumpêni Islam, kadhawuhan amboyongi Pangeran Buminata, V~69.

Saridrana, sultan, pamoyokipun tiyang Pagêlèn dhatêng Sultan Dhandhun, V~17.

Sarip Bêsar, tuwan, kaawadakên utusanipun Sultan Rum, inggih punika Sèh Ibrahim, badhe manggihi Pangeran Mangkubumi, XIV~71.

Sarwah,Warsah. radèn ajêng, putri putra Sinuhun P.B. II, katarimakakên dhatêng Radèn Tawangalun putranipun Panêmbahan Cakraningrat, VIII~39.

Sasmitasastra, tumênggung, mriks. Ranawijaya.

Sasradiningrat, mriks. Sasrawijaya.

Sasranagara, bupati kanoman Surabaya, badhe têluk dhatêng Pangeran Mangkubumi, konangan Kumpêni, kacêpêng lajêng kabucal dhatêng Selong, V~62; XII~25.

Sasrarudita, têtindhihing prajurit Mangkubumèn pacakbaris wontên ing Banaran, V~23.

Sasrawijaya, tumênggung, abdi Surakarta kalurugakên dhatêng Sêmbuyan, II~3; kawisudha dados wadana kaparak têngên, nama Tumênggung Sasradiningrat, anakipun Kartayuda, VI~34; XXI~121.

Sastrasasmita, tumênggung, jaksa ing Mataram, VIII~7.

Sawi, radèn ajêng, putranipun Pangeran Mangkunagara, katrimakakên dhatêng Bagus Budhal, XXI~43.

Sawit, tiyang èstri ingkang sakalangkung gandês, gêgambaranipun Sinuhun Sultan manawi ngandika, XX~74.

Sawunggaling, prajurit Kabanaran ndhèrèk ambêbujêng Tumênggung Arungbinang wontên ing Pagêlèn, X~11.

Sawunggaling (Sasranagara), bupati kanoman ing Surabaya, dados sisihanipun Jayapuspita; anakipun Wiradadaka, anak angkat Adipati Jangrana; tanêmanipun ingkang sinuhun sumare Nglawiyan; nalika Pangeran Mangkubumi mangun prang, ngaturi arta 3000, sarta badhe têluk, nanging konangan, kacêpêng ing Kumpêni kabucal dhatêng Selong, III~25; V~62; XII~25; XIII~4, 5.

Satyaki, gêgambaranipun Radèn Panji Kartasari, satriya Madura, XX~43.

--- 31 ---

Satyaki cangkrama, gêgambaranipun Ngabèi Wangsaniti nalika sowan dhatêng Pangeran Mangkunagara, XX~65.

Sèl, kapitan, pêjah pêrang wontên ing Barija, mêngsah prajurit Mangkunagaran, XVI~55.

Selanagara, ngabèi, ing Sêsela, abdi Mangkubumèn, III~34.

Sèlèng, kapitan, têtindhihipun prajurit Kumpêni anjagi Mataram, XIX~60.

Sêlêr, sarean, prajurit Walandi njagi kidul wiwara kraton Sala nalika dipun rampit Pangeran Mangkubumi, I~73; IV~53.

Seling, kapitan, XVII~44.

Sêlotêr, kapitan, têtindhihipun prajurit Kumpêni anjagi Sinuhun P.B. II wontên ing kadhaton, IV~53.

Sêmplo, radèn mas, rayi Sinuhun P.B. III, XVII~79.

Sêmangun, abdi suranata ing Kabanaran, IX~64.

Sêmangun, kapitan, têtindhihipun prajurit Bugis ambiyantu dhatêng Pangeran Mangkubumi, V~62.

Senapati, panêmbahan ing Mataram, II~41.

Sêndhi, dêmang, mriks. Adipati Urawan.

Serangyuda, mantrinipun Pangeran Mangkuningrat, tumut pêrang wontên ing Sima, XIX~74.

Serangpati, prajurit Mangkunagaran, tumut pêrang wontên ing Sima, XIX~74.

Sêcadirana, êmbanipun Ratu Bêndara garwa Mangkunagaran, rumiyin Tumênggung Juwana, anakipun Adipati Citrasoma ing Jêpara, XIV~42; XIX~57.

Sêcadirja, Rangga Jatisari, tanêmanipun Pangeran Mangkunagara, kadhawuhan nêlukakên dhusun Palur lan Jurug, IV~61.

Sêcakusuma, radèn, bupati anom ing Madiun, têluk sasêntananipun dhatêng Mataram, ingkang suwau têluk dhatêng Mangkunagaran, XVII~42; XVIII~57.

Sêcanagara (Wirasraya), bupati kasêpuhan ing Surabaya, dipun bucal jalaran konangan sae kalihan Pangeran Mangkubumi, XII~25.

Sêcawijaya, anakipun Tumênggung Jayawinata ing Mataram, manggihi utusan Surakarta, suka sumêrêp bilih ingkang rama badhe ambalik, V~8; suwita dhatêng Kabanaran dipun paringi nama Tumênggung Jayanagara, V~45.

Sêtrayuda, panèkêt ing Ungaran, kajunjung dados bupati nama Tumênggung Suradikrama, XIV~27.

Setrapati, Dêmang Têlawong pacakbaris wontên ing Panaraga, badhe mapagakên pamukipun Pangeran Mangkunagara, XII~46; ngabdi dhatêng Kabanaran kawisudha dados Bupati Kadhiri nama Tumênggung Katawêngan, sarta dipun trimani tiyang èstri nama Rêtnawati, XII~67; XIV~34.

Sêtyakibrangta, gêgambaranipun Pangeran Mangkubumi nalika mêthuk Sèh Ibrahim, XVI~31.

Sewaka, Bupati Madiun, XII~42.

Sewatarana, mriksanana Surajaya, II~26.

Silarong, pangeran, mriks. Pangeran Ngabèi.

Silarong, pangeran, rayi Sinuhun P.B. II, lolos saking nagari dhatêng Mataram botên katampèn dening Tumênggung Jayawinata. Lajêng dhatêng Panaraga, marasêpuhipun, mundhut dipun jumênêngakên nata, botên dipun turuti malah lajêng kacêpêng kapasrahakên dhatêng Kumpêni, ngamuk lajêng dipun kroyok ing akathah nêmahi tiwas. Kasarèkakên ing Giri, I~42; III~14, 15.

Simbang, kapitan, mapagakên prajurit Mangkunagaran ingkang ngrampit kitha Surakarta, XV~76.

Sindujaya, patih Batang, asli saking Surabaya, kawisudha nama Tumênggung Sindunagara, minangka pêpatihipun Pangeran Adipati Natakusuma, XI~43.

Sindugalba, tumênggung, bupatinipun Pangeran Adiwijaya, katilar wontên ing pabarisan Kêdhu, XIII~41.

Sindukalangan, ngabèi, mantri Mangkunagaran nyugata dhatêngipun Ngabèi Wangsaniti, XX~63; XXI~3.

--- 32 ---

Sindunagara, tumênggung, mriks. Sindujaya.

Sindupati, mantri ing karajan, abdi Kabanaran, XIV~34.

Sindupati, ngabèi, kanthinipun Radèn Tumênggung Jawikrama, kautus Sinuhun P.B. II maringakên sêrat ulêm dhatêng Pangeran Mangkubumi, I~65.

Sindurêja, adipati, patih lêbêt jaman Sinuhun P.B. II, I~6; pêjah jalaran sakit, X~65.

Sindusastra, tumênggung, mriks. Singadirana.

Singadirana, tiyang Surakarta sagêd nyêrat sae cara Sutamênggalan, carik Natakusuman, mlajêng dhatêng Sukawati ngabdi Pangeran Mangkubumi, kawisudha dados bupati carik nama Tumênggung Sindusastra, pêjah wontên ing Ngayogyakarta dipun rampog prajurit Mangkunagaran, IV~32; XX~45.

Singadirja, mantri ing Sima, abdi Mangkubumèn, pantês dipun tandhingakên kalihan Jayakartika, IV~30.

Singadirja, mantri ing Maja, abdi Kabanaran, XIV~33, 34.

Singadita, pakêboan kilèn Sêraga (Pêraga?) Mataram, ngumbara dhatêng Bantên ngubalakên ngèlmu dhugdhèng tuwin katêguhan, lajêng dipun guroni dhatêng Tubagus Buwang, inggih Sultan Mangkarawati, lajêng asêsilih Panêmbahan Kêstapa, XII~21.

Singayuda, bêkêl dhusun ing Malambang, abdi Kabanaran, XVI~22.

Singamênggala, nyai êmban, abdinipun ingkang garwa Pangeran Mangkunagara, kautus ngaturakên sêrat tobat dhatêng Sinuhun Sunan Kabanaran, XV~72.

Singamênggala, ngabèi, têtindhihing prajurit Surakarta badhe nyêpêng Pangeran Mangkunagara wontên ing Pancot, II~61.

Singaranu, tumênggung, mriks. Ranadipa.

Singaranu, tumênggung, abdi Surakarta, tiwas wontên ing Babad, mêngsah Tumênggung Surajaya, II~27.

Singasari, pangeran, rayi Sinuhun P.B. II, lolos saking nagari pacakbaris; lajêng tundhuk dhatêng ingkang raka Pangeran Mangkubumi; kaparingan nama Prabu Jaka, supados kêndêl; dhaup kalihan anakipun Adipati Pugêr, I~6; VI~6; VIII~47.

Singasêkar, (Singasari), pangeran arya, mriks. Mangkudiwirya.

Singatruna, panglawe ing Pakis, kaangkat dados bupati dhatêng Pangeran Anom, nama Tumênggung Gandhuwaur, XIX~60.

Singawijaya, tumênggung, Bupati Kêndhal, dipun pundhuti tumbak dhatêng gupêrnur Samarang; pêrang kalihan Tumênggung Natayuda; pêjah wontên ing pabarisan; rumiyin kêkasih sinuhun sumare Nglawiyan, VI~18; VIII~35; X~69.

Sirnataya, dêmang, kanthinipun Ngabèi Suradirja, sowan Sinuhun Sunan Kabanaran, XIII~57.

Sisih, (Singsèh), Dêmang Juwana tanêmanipun Pangeran Mangkubumi, pranakan Cina; IV~70.

Slarong, pangeran, rayi Sinuhun P.B. II; mriks. Silarong, I~42.

Sobrat, senapati Walandi momonganipun Tumênggung Wirawidigda, XXI~99.

Subadiwirya, radèn, andêl Pakuningratan, tumut anggêmpur dhusun Wanakarta, III~55.

Sudarma, ipe Sinuhun Sunan Kabanaran, XII~53.

Sujana, radèn mas, rayi Sinuhun P.B. II, diwasanipun asma Pangeran Mangkubumi, senapati; nalika lênggahipun sabin dipun long, mutung, mêdal saking nagari pacakbaris wontên ing Sukawati, jêjuluk Pangeran Adipati Sukawati Pramuka Jayèngrat, malah lajêng madêg nata jêjuluk Susuhunan Pakubuwana utawi Sultan Kabanaran; lêlana andon pêrang ngantos pintên-pintên taun; wusana lajêng bêdhami, katêtêpakên dados Sultan Mataram akêkitha ing Yogyakarta, ratu senapati; dene ingkang sinuhun ing Surakarta kasêbut susuhunan ing Pajang, I~5; II~68; VI~28.

Sujanapura, tumênggung, mriks. Puspajaya.

--- 33 ---

Sukarya, diwasanipun nama Radèn Arya Endranata, ipe Pangeran Mangkubumi, ngabdi wontên ing Surakarta, lajêng dados jaksa wontên ing Samarang, dipun utus ing Kumpêni ngrêrapu panggalihipun Pangeran Mangkubumi, I~72; III~33, 34.

Sukawati Pramuka Jayèngrat, pangeran adipati, mriks. Radèn Mas Sujana.

Sukrama, radèn, nak-sanak tuwin ipe Sinuhun Sultan, dipun lunas jalaran botên mantêp pasuwitanipun, XXI~120.

Sulajari, pangeran pradikan, andhèrèk Sinuhun Kabanaran andon pêrang, XI~3.

Sulah, mbok ajêng, kautus dhatêng Sultan Dhandhun manggihi Tumênggung Jayawinata, V~13.

Suligi, radèn, tiyang Lasêm, abdi Sinuhun P.B. II lajêng ngabdi dhatêng Mangkubumèn, kadadosakên punggawa nama Tambakbaya, tiwas nalika ambêdhah Jipang, I~57; X~67.

Sumajaya, pulunanipun Pangeran Wijil ing Kadilangu, ngabdi dhatêng Mangkubumèn, kawisudha dados bupati ing Dêmak kidul, nama Pangeran Tumênggung Gadamastaka, II~18; III~34.

Sumanagara, radèn panji, têtindhihipun prajurit Madura kabantokakên dhatêng Kumpêni, III~9; VI~74.

Sumadinala, abdi Surakarta, mapagakên mêngsah ngrampit kitha, IV~41.

Sumadirja, putra Pangeran Mangkudipura Madiun, andhèrèk Pangeran Mangkunagara, XIII~76.

Sumadirja, radèn tumênggung, anakipun rangga Kaliwungu ingkang sêpuh, mantunipun Panêmbahan Cakraningrat, katanêm dados bupati dening dêlèr wontên ing Kaliwungu, XI~61.

Sumadita, radèn ngabèi, patinggi ing Prambanan, kapacak dados kliwon, XX~52.

Sumadiwirya, radèn, mriks. Radèn Bagus Komplo.

Sumayuda, mantri Wirasaba, pacakbaris wontên Panaraga, badhe mapagakên Pangeran Mangkunagara, XII~46.

Sumayuda, mantri Surakarta, griyanipun ing Kaluraman dipun sambut kangge pondhokanipun Sèh Ibrahim utusanipun Sultan Turki, XV~58.

Sumanagara, Bupati Lasêm, kêkasih Sinuhun P.B. II, lajêng kawisudha dados Adipati Samarang, nama Suradimênggala, I~24; XIX~19.

Sumanagara, mriks. Bagus Banthèng.

Sumbarja, radèn, putra Pangeran Mangkudipura, suwita dhatêng Kabanaran, kawisudha anggêntosi ingkang rama, nama pangeran Purwanagara ing Madiun, pêjah pêrang kalihan Anggaima, mantri Mangkunagaran, XIII~70, 75; XV~5.

Sumêngit, diwasanipun nama Jayanagara, dêmang ing Juwana tanêmanipun Pangeran Mangkubumi; pêjah pêrang wontên ing Surakarta kenging mimisipun Kumpêni, IV~70; X~60.

Sundara, putra Sinuhun Sultan, badhe kaangsalakên putrinipun pambajêng Sinuhun P.B. III patutan saking garwa ampeyan, XXI~108.

Supama, radèn, diwasanipun nama Sumadiwirya, mantri anom (Kartasura), dados adipati wontên ing Pakalongan nama Jayaningrat, suwita dhatêng Kabanaran kadadosakên patih lêbêt, nama Pangeran Arya Natakusuma, nunggaksêmi ingkang rama Adipati Natakusuma, pêparabipun Parikêsit, VI~68, 69, 70; XI~43; XXI~54.

Sura, radèn mas, putra Mangkunagaran, XXI~19.

Supraba, pêpindhanipun tiyang ayu, XX~13.

Surabrata, radèn tumênggung, mriks. Martamanggala.

Suradilaga, turunipun Untung Surapati, XII~77.

Suradigdaya, tumênggung, punggawanipun Pangeran Pamot, dipun bêbujêng ing Kumpêni lajêng ngical dhatêng wana kidul Pamasaran, II~11.

--- 34 ---

Suradigdaya, tumênggung, punggawa Mangkunagaran, têngga pasanggrahan Pasunggingan, IV~59.

Suradikrama, tumênggung, abdi Mangkunagaran, pêjah pêrang mêngsah prajurit Kabanaran, XIV~37.

Suradilaga, tumênggung, mriks. Suradipa.

Suradilaga, panji, ugi nama Kudasisimping, bêkêl tamtama, XX~78; ngampil lopak-lopak andhèrèk Sinuhun P.B. III, pêpanggihan kalihan dêlèr wontên ing Salatiga badhe nêmtokakên bêdhaminipun Pangeran Mangkunagara, XXI~32.

Suradimanggala, mriks. Suradiwangsa.

Suradimênggala, lurah ing Kumêndhêng, XV~39.

Suradimênggala, mriks. Sumanagara.

Suradinala, mantri Pringgalayan, dipun pêjahi dhatêng Jayakartika, awit saking dhawuhipun Pangeran Adipati Anom, IV~25.

Suradiningrat, Adipati Panaraga, pêjah dhawah saking kuda, I~79; XII~49.

Suradipa, rangga, suka pêpèngêt dhatêng Surabrata supados ngoncati pamukipun Pangeran Mangkunagara, XV~6.

Suradipa, abdi Adiwijayan, kawisudha dados Bupati Tumênggung Suradilaga, XIII~40.

Suradipura, radèn, anakipun Adipati Suradiningrat Panaraga, XII~56.

Suradipraja, radèn tumênggung, anakipun Adipati Suradiningrat Panaraga, ngabdi dhatêng Kabanaran, XII~56.

Suradipraja, kadangipun Wiranata, kadhawuhan mapag têlukipun Tumênggung Ranadiningrat, XII~7.

Suradirja, mriks. Bangkok.

Suradirja, mantri Pêngging, abdi Kabanaran, XIV~33.

Suradirja, mantri Surabaya, kautus sowan Sinuhun Sunan Kabanaran, XIII~57.

Suradirja, radèn, anakipun Adipati Suradiningrat Panaraga, XII~56.

Suradiwangsa, dêmang panèkêt desa, asli saking Jipang, acunganipun Tumênggung Wangsanagara, kêkasih Kabanaran, kawisudha dados tumênggung nama Suradimanggala ing Jipang, wusana dipun lunas jalaran badhe ambalik, III~8, 34; XIII~68.

Suradiwirya, radèn, anakipun Adipati Suradiningrat, Panaraga, XII~56.

Surajaya, tumênggung, ugi nama Sewatarana, abdi Mangkunagaran, dipun kêpang prajurit Kumpêni, sagêd oncad jalaran mendha-mendha, tiyang jagul ngintun rangsum, II~26.

Surajaya, mantri Kalangbrèt, pacakbaris wontên ing Panaraga badhe mapagakên pamukipun Pangeran Mangkunagara, XII~46.

Surajênggala, lêlurah, mantrinipun Tumênggung Jayawinata ing Mataram, V~8; tumut têluk dhatêng Mangkubumèn, lajêng pacakbaris wontên ing Banaran, V~23; suka margi dhatêng Kumpêni, ngantos sagêd anjalari bêdhahing pabarisan ing Lengkong, V~75; kawisudha dados bupati anggêntosi Tumênggung Jayawinata, pinaringan sêsêbutan tumênggung, VI~35; pêjah pêrang wontên ing Barija mêngsah prajurit Mangkunagaran, XVI~55.

Surajênaka, tiyang Bali suwita dhatêng Pangeran Mangkubumi, III~8.

Surajigja, tumênggung, mriks. Carangsoka.

Surayuda, bêkêl dhusun, kajunjung dados Bupati Jagaraga, nama Tumênggung Suradipraja, XIV~30.

Surakartika, dêmang, mriks. Gêrot.

Surakusuma, Mantri Ngrawa, pacakbaris wontên ing Panaraga badhe mapagakên pamukipun Pangeran Mangkunagara, XII~46.

Suralaya, radèn arya, nama nunggaksêmi ingkang rama, pulunan saha ngabdi dhatêng Ngayogyakarta, XXI~73.

--- 35 ---

Suralaya, radèn, anakipun Adipati Suradiningrat, Panaraga, XII~56.

Suralêgawa, mantri ing Jungkare, abdi Kabanaran, XIV~34.

Suramaleca, utusanipun Mas Rangga Wirasêtika manggihi Tumênggung Arungbinang, XI~68.

Suramangunjaya, tumênggung, abdinipun Pangeran Pamot, dipun bêbujêng ing Kumpêni lajêng ngical ing wana sakidul Pamasaran, II~11.

Suramênggala, ngabèi, adhinipun Ki Rajaniti, kabantokakên dhatêng Tumênggung Surajênggala, VIII~77.

Suramirana, mas, mriks. Êncik Janudin.

Suranagara, radèn, anakipun Brahim, turunipun Untung Surapati, badhe suwita dhatêng Sinuhun Sunan Kabanaran, XII~77.

Suranata, tumênggung, mriks. Radèn Martawijaya.

Suranata, radèn panji, têtindhihipun prajurit Madura, kabantokakên dhatêng Kumpêni, VI~74.

Surangunangun, Dêmang Kabanaran, kadhawuhan ngêlar jajahan ing tanah Matesih, XIV~32.

Surantani, tumênggung, mriks. Panji Jayèngsari.

Suraprameya, radèn, kancanipun Ngabèi Tirtawijaya, mapagakên mêngsah ngrampit kitha Sala, III~78; tumut têluk dhatêng Kabanaran, XII~4; pêjah pêrang wontên ing Panaraga, dipun kroyok prajurit Mangkunagaran, XV~17.

Surawijaya, abdi Kabanaran, kawisudha nama Tumênggung Alap-alap inggih Martalaya, kaliwon gêdhong têngên Mataram, pamuk manggalaning jurit, asli saking Sukawati, andhèrèk tindakipun Adipati Danurêja dhatêng Salatiga anjênêngi têtêping bêdhaminipun Pangeran Mangkunagara, XIV~33; XVII~69; XXI~36, 54.

Surawijaya, mriks. Jayadirga.

Surawijaya, ing Winong Pagêlèn, kêkasih Sinuhun P.B. II, kawisudha dados bupati nama Tumênggung Anggawangsa, dados senapati pabarisan ing Pagêlèn kaparingan nama Tumênggung Arungbinang; jaman Sinuhun P.B. III kadadosakên bupati wadana sèwu, I~8; III~71, VII~68; XXI~114.

Surawijaya, mriks. Prawiradigdaya.

Surawijaya, anggadhe sabinipun pun Andong, XIX~33.

Surawijaya, mantri Srêngat, pacakbaris wontên ing Panaraga badhe mapagakên pamukipun Pangeran Mangkunagara, XII~46.

Surawikrama, mantrinipun Tumênggung Arungbinang, nampèni barang jarahan, XIII~28.

Surawikrama, tumênggung, abdi Mangkunagaran, XIV~34.

Surawinangun, tumênggung, abdi Mangkunagaran, têluk dhatêng Kasultanan, XIV~34, XVIII~74.

Surèngrana, ngabèi, mantri ing Trênggalèk, damêlanipun Pangeran Mangkunagara, nanging lajêng ambalik, XVIII~49.

Suryadi (kusuma), pangeran, mriksanana Guntur.

Suryakusuma, tumênggung, mriks. Bagus Budhal.

Suryakusuma, radèn mas arya, mriks. Radèn Mas Sahid.

Suryanagara, radèn tumênggung, mriks. Suwandi.

Sutadipura, tumênggung, asli tiyang Kalang, abdi Mangkubumèn, I~53; kaparingan nama Radèn Tumênggung Mandaraka, V~46.

Sutadirya, kancanipun Ngabèi Tirtawijaya, mapagakên mêngsah ngrampit kitha Sala, III~78.

Sutadiwirya, mantri Pakuningratan, mapagakên mêngsah ngrampit kitha Sala, III~79.

Sutamanggala, lurah mantri jêro Kabanaran, kaparingan nama Ngabèi Mangunjaya, XV~39.

Sutamarta, anak panèkêt nirbaya, kawisudha dados bupati wadana, nama Tumênggung Mangkuyuda, padalêmanipun dipun karsakakên dhatêng Pangeran Mangkunagara, XXI~21, 119.

Sutanagara, Kandhuruan, mantri ing Roma, kadhatêngan mêngsah Tumênggung Kartanagara, XI~15.

--- 36 ---

Sutara, radèn mas, diwasanipun asma Pangeran Arya Rangga, rayi Sinuhun P.B. II, lolos saking nagari ngêmpal dhatêng Tumênggung Jayawinata botên dipun tampèni, jalaran tindakipun rêsah, lajêng suwita dhatêng ingkang raka Pangeran Mangkubumi, kaparingan nama Pangeran Purbaya utawi Purubaya, kadhawuhan ngêlar jajahan dhatêng Banyumas botên angsal damêl, malah lajêng malik tingal mêngsah ingkang raka, ngrujuki karsanipun ingkang putra Pangeran Mangkunagara, dipun aturi ngagêm asma Pangeran Cakranagara sarta krama kalihan randhanipun Pangeran Silarong, wusana lajêng kasrakat, têluk malih botên katampèn, nglalu nguntal warangan, seda, sumare ing Magiri, I~42; V~9; VI~11; XIV~36; XIX~12.

Sutawijaya, radèn, rayinipun Pangeran Rangga ing Kadilangu, suwita dhatêng Pangeran Mangkubumi, kawisudha nama Pangeran Rangga nunggaksêmi ingkang raka. Dene ingkang raka dipun paringi jêjuluk enggal; Pangeran Rangga Baladewa, III~16.

Sutawijaya, ing Lêmbu, suwita dhatêng Kabanaran kaparingan nama Ngabèi Jayanagara, pawingkingipun suwita dhatêng Kasunanan dados bupati wadana, nama Tumênggung Jayanagara, XIV~33; XXI~119.

Sutawirya, mantri Barengan, abdi Kabanaran, XIV~33.

Suthup, mbok, juru wedang Kabanaran, dipun lunas jalaran asring manggihi tilas bojonipun nama Pulangrêsmi, XIII~70.

Suwanda, nyai arya, abdi para nyai Kasultanan, XXI~7, 70.

Suwandi, radèn, diwasanipun nama Radèn Jayapuspita utawi nunggaksêmi ingkang rama: Radèn Anggakusuma, ing Buminatan; mantu pulunan Tumênggung Martapura; suwita dhatêng Pangeran Mangkubumi, kaparingan nama Tumênggung Suryanagara, prajurit gêgêdhug, senapatining pabarisan ingkang ngêlar jajahan dhatêng Kêdhu, kaparingan sêsêbutan adipati lan lênggah 2000, ing pawingkingipun kaparingan nama Tumênggung Yudanagara, I~54, 56; IV~70; V~46; VIII~34; XVII~68.

Soka, nyai, abdi Pakubuwanan, XXI~111.

Sokarêja, ngabèi, kautus nututi inggatipun Galèngsong, XII~9.

Sombro, radèn ajêng, putrinipun Pangeran Mangkunagara, patutan kalihan Mas Ajêng Matahati; krama kalihan Bagus Banthèng, pêgatan lajêng krama malih angsal Radèn Mas Guntur, II~35.

Swatama, bambang, gêgambaranipun Adipati Kudanawarsa, V~47; XIV~74.

T.

Talimurti, panêmbahan, sêsilihipun Adipati Pugêr, XII~28.

Tambakbaya, ngabèi, gêgununganipun prajurit Surabaya, ambiyantu Kumpêni, III~9.

Tambakbaya, pangiridipun prajurit Kabanaran, ambêbujêng Tumênggung Arungbinang, X~11.

Tambakbaya, mriks. Suligi.

Tambakyuda, radèn, sadhèrèkipun Purbanagara, abdinipun Sultan Dhandhun Martèngsari, I~62.

Tambaknagara, radèn ngabèi, kliwon panumping ing Surakarta, sadhèrèkipun Tambakbaya, Tambakyuda lan Purbanagara; pêjah pêrang wontên ing Tanjung, I~62; IV~74.

Tambur, radèn ajêng, putrinipun Adipati Natakusuma, dhaup kalihan putranipun Sultan Mustapa, nalika wontên ing Selong, IX~42.

Tanahbang, kapitan, têtindhihipun prajurit Kumpêni Islam, kabantokakên dhatêng pabarisan ing Pagêlèn, X~17.

Tandha, radèn, mantri panumping Surakarta tumut têluk dhatêng Kabanaran, XII~4.

Tandhawijaya, radèn ngabèi, andêl ing Kasindurjan, mapagakên Pangeran Mangkubumi nalika ngrampit kitha Surakarta, I~75, 76.

--- 37 ---

Tangkêban, jaka, anakipun Adipati Jangrana, dados ngabèi nama nunggaksêmi bapakipun, VIII~6; XII~39.

Tapa, ki, gurunipun Tubagus Buwang, kraman ing Bantên, IX~41.

Tapsirudin, kaji, kakasih Kabanaran, kabantokakên dhatêng pabarisan ing Gondhang; pêjah pêrang wontên ing Panaraga mêngsah Pangeran Mangkunagara, VIII~65; XV~16, 17.

Tasikwaja, gêgambaranipun Pangeran Mangkunagara, XXI~20.

Tawangalun, radèn, putranipun Panêmbahan Cakraningrat, dipun trimani putri putra Sinuhun P.B. II, nama Radèn Ajêng Sarwah,Warsah. VIII~39.

Tejawati, mas ayu, ingkang bibi Pangeran Mangkubumi, II~64.

Têgal Alap-alap, têtindhihipun prajurit Madura, kabantokakên dhatêng Mataram, XIX~5.

Têgal Angun-angun, tiyang Bali suwita dhatêng Pangeran Mangkubumi, sagêd mêjahi prajurit Walandi sakawan, III~8, 20.

Têgal Pangalapan, Dêmang Kabanaran kadhawuhan ngêlar jajahan ing tanah Matesih, XIV~32.

Teling, kumêndur Samarang, I~27.

Têmbayat, pangeran pradikan, andhèrèk Sinuhun Sunan Kabanaran andon pêrang, XI~3.

Tênangkus, mayor, bêbantu saking Batawi badhe nyirnakakên kraman ing Surakarta; têtindhihipun prajurit Kumpêni ambêbujêng Pangeran Mangkunagara, I~68; II~19.

Têpasana, mantri Japan, pacakbaris wontên ing Panaraga badhe mapagakên Pangeran Mangkunagara, XII~46.

Têpasanta, pangeran, ingkang rama Radèn Ayu Cakrajaya, VIII~14.

Têpaswara, radèn, abdi Kabanaran, kautus maringakên tiyang èstri nama Marionêng dhatêng Pangeran Mangkunagara, XVI~3.

Timur, pangeran, mriks. Radèn Mas Sabar.

Timpak, kapitan, têtindhihipun prajurit Kumpêni Islam, kabantokakên dhatêng pabarisan ing Pagêlèn, X~17.

Tirtakusuma, radèn, putra ing Mlayakusuman, pangiridipun abdi katanggung Surakarta, XVIII~3; XX~53.

Tirtakusuma, pangeran, kasêbut ing akathah Pangeran Pancuran, sadhèrèkipun Pangeran Mangkunagara, I~16; XIV~31; seda wontên ing Samarang garwa putra kaboyong dhatêng Surakarta, XXI~44.

Tirtayuda, mantrinipun Tumênggung Tirtanagara, XIV~44.

Tirtalêgawa, mantrinipun Tumênggung Tirtanagara, XIV~44.

Tirtanagara, ngabèi, mantrinipun Adipati Jayaningrat ing Pakalongan, VIII~42.

Tirtanagara, pangeran ing Sumênêp, VIII~67.

Tirtanagara, tumênggung, pêpatihipun Pangeran Purbaya, VI~19.

Tirtanagara, tumênggung, Bupati Samarangan bumi sèwu, golongan Sukawati, XIV~44.

Tirtanagara, radèn, mriks. Mas Gênthong.

Tirtanagara, tumênggung, pêpatihipun Pangeran Adipati Anom, IV~42.

Tirtanagara, ki ngabèi, lurah kadipatèn, kapatah nampèni bumi palihan, XX~78.

Tirtanata, turunipun Untung Surapati, XII~77.

Tirtasura, mantrinipun Tumênggung Tirtanagara, XIV~44.

Tirtawahana, mantrinipun Tumênggung Tirtanagara, XIV~44.

Tirtawijaya, ngabèi, mantri Pakuningratan mapagakên prajurit Mangkubumèn angrampit kitha Sala, III~78.

Tirtawijaya, radèn, andêl Pakuningratan tumut anggêmpur dhusun Wanakarta, III~55.

Tirtawijaya, kliwon, abdi Sinuhun P.B. II, I~74.

Tirtawijaya, wayahipun Adipati (Sindurêja?) pêjah dening mêngsah ingkang ngrampit kitha, IV~42.

--- 38 ---

Tirtawiguna, tumênggung, bupati lêbêt, kanthinipun Pangeran Pakuningrat, nglurugi mêngsah kilèn Wanakarta, III~53.

Tirtawiguna, tumênggung, putunipun Adipati Sindurêja, wujudipun andhap alit kados êmpluk, untunipun ampuh, XVIII~70.

Tisnawijaya, Bupati Dêmak, kaplajêng dhatêng Samarang, jalaran kasoran pêrang kalihan prajurit Mangkubumèn, II~16.

Tisnawijaya, rangga, Bupati Samarang, kabucal dhatêng Selong jalaran ngaturi dêdamêl pêrang dhatêng Sinuhun Sunan Kabanaran, VII~9.

Tisnawinata, nama ingkang pantês dipun angge dhatêng Ardiguna, XX~48.

Cakrajaya, kliwon pangagêngipun prajurit arahan ing Kalibêning, II~45; kawisudha dados bupati anggêntosi lênggahipun Singaranu, lajêng kalurugakên dhatêng Pagêlèn ngantêp pêrang kalihan Pangeran Mangkubumi, III~51, 71; wusana malah lajêng mbalik dhatêng Kabanaran. Nalika Pangeran Mangkunagara pêthal mêngsah Kabanaran, Tumênggung Cakrajaya ngabdi Mangkunagaran, pawingkingipun mbalik malih suwita dhatêng Kabanaran (Kasultanan), XVIII~50.

Cakrajaya, Tumênggung Batang, kasantunan nama Tumênggung Danurêja, XI~43.

Cakrakarti, ngabèi, ugi nama Ngabdulwakid, lêlurahipun tiyang gangsal wêlas ing Kabanaran, XVI~71.

Cakranagara, radèn, mriks. Natabrata.

Cakranagara, pangeran, mriks. Radèn Mas Sutara.

Cakranagara, pangeran ing Sumênêp, VIII~67.

Cakranagara, radèn tumênggung, ingkang gadhah nagari Pamalang, XI~45.

Cakrawijaya, ngabèi, lurah carik Mataram, ugi nama Muhyidin, XVII~69.

Cakrèngrat, panêmbahan ing Madura, I~7.

Candrajaya, dêmang, abdi Kabanaran, rumiyin prajurit Kumpêni bangsa Walandi, IX~13.

Candrayuda, dêmang, abdi Kabanaran, rumiyin prajurit Kumpêni bangsa Walandi, IX~13.

Candrakusuma, tumênggung ing Warung, XIX~39.

Candrakusuma, nak-sanakipun Suwandi Suryanagara, kadhawuhan anggêpuk pabarisan Mayong, IV~65.

Candranagara, radèn tumênggung, Bupati Pamalang, pacakbaris wontên ing Pakalongan, XI~58.

Candranagara, tumênggung, mriks. Anggajaya.

Candrasura, mantri ing Puluh, abdi Kabanaran, XIV~34.

Caranggadhing, tiyang Bali, suwita dhatêng Pangeran Mangkubumi, III~8.

Carangmandhalika, radèn, têtindhihipun prajurit Madura, dipun bantokakên prajurit Kumpêni ing Samarang, VI~23; tiwas wontên ing Tidhar, VI~44.

Carangpradapa, abdi Mangkubumèn, sumêrêp dhatêng larah-larahipun Delo Jayakartika, IV~25; lajêng dados abdi gandhèk ing Mataram, VIII~64.

Carangpradapa, panji, mriks. Gajah Angun-angun.

Carangsoka, tiyang Bali, suwita dhatêng Pangeran Mangkubumi, sagêd mêjahi kapitan, lajêng kawisudha nama Tumênggung Suradigja, III~8, 19, 24.

Carangcintaka, prajurit Madura, pêjah pêrang wontên ing Banyudana, VIII~28.

Cêbolang, Adipati Surabaya, putunipun Jayapuspita, anakipun Tumênggung Sêcanagara, malik tingal dhatêng Kumpêni, dipun biyantu dhatêng Sinuhun Sunan Kabanaran, XII~25, 26.

Citradiwirya, abdi magang Sinuhun P.B. II, kawisudha anggêntosi Tumênggung Panji Tohjaya, I~65.

Citradiwirya, abdi Surakarta kalurugakên dhatêng Sêmbuyan, I~79.

Citradiwirya, Bupati Juwana, IV~68.

--- 39 ---

Citrasoma, Bupati Pathi, ambiyantu Kumpêni ngrêbat nagari Dêmak ingkang dipun kuwaosi dhatêng Pangeran Mangkubumi, III~27.

Tutus Kajang, kautus Sinuhun P.B. III manggihi Ki Ajar Kuthawindu, XXI~27.

Tuwangah, kapitan, têtindhihipun prajurit Kumpêni Islam kabantokakên dhatêng pabarisan ing Pagêlèn, X~17.

Tohjaya, tumênggung panji, kêkasih Sinuhun P.B. II, I~51; bupati gêdhong kanan, rumiyin Ngabèi ing lamongan, I~64; lajêng kawisudha dados wadana lêbêt nama Tumênggung Puspanagara, XXI~120.

Toyakusuma, rayinipun Pangeran Mangkunagara, XIV~31; nyêntana wontên ing Kasunanan, dêdalêm ing kilèn Suranatan cakêt kadhaton, XXI~45.

Tolong, kapitan, têtindhihing prajurit Kumpêni kalurugakên dhatêng kilèn Wanakarta, III~53; kadhawuhan amboyongi Pangeran Buminata, V~69; têtidhihipun prajurit Kumpêni badhe anggêpok Mataram, VIII~54.

Totlomondo, uprup Surakarta, II~60; senapati ingkang anggêmpur dhusun Wanakarta, III~55; sarêng sampun cêkap dhinêsipun lajêng wangsul dhatêng nagari Walandi, dipun gêntosi Yan Hèndrik Johan Abraham, XI~77.

Trai, kapitan, têtindhihipun prajurit Kumpêni badhe anggêpuk Mataram, VIII~54.

Trunapatra, anakipun Tumênggung Nitinagara, suwita dhatêng Adipati Pringgalaya, X~74.

Trunawijaya, Bupati Kalangbrèt, damêlanipun Pangeran Mangkunagara, XVIII~49.

W.

Walangkolik, rangga, gêgambaran wujudipun Pangeran Pancuran, XIV~48.

Walidin, anakipun Adipati Jayaningrat, kawisudha dados bupati nama Tumênggung Jayawinata, VI~6.

Wanadirja, radèn tumênggung, bupati damêlanipun Sultan Dhandhun, rumiyin Bêkêl Trayu (Pagêlèn), V~17.

Wanayuda, mantrinipun Tumênggung Arungbinang, panganjuring prajurit ingkang badhe ambêbujêng Pangeran Purbaya, XI~19.

Wanayuda, (kakangipun Tumênggung Arungbinang), kapurih ngêtêrakên Kapitan Bagrak saking Pagêlèn dhatêng Têgal, XI~56.

Wanakarti, tangan ceko kalih pisan, suku kêncèt, gamêl Mangkubumèn, ndhèrèk ngrampit kitha Sala, sagêd mêjahi Walandi gangsal, lajêng kawisudha nama Dêmang Larasiduwa, I~76, 77.

Wanarungsit, dêmang, prajurit Madura, pêjah pêrang wontên ing Banyudana, VIII~28.

Wangsayuda, kanthinipun Tumênggung Jayawinata anjagi bumi Mataram, II~46.

Wangsakusuma, kawisudha dados Bupati Pathi, sarta kaparingan sêsêbutan tumênggung, IV~70.

Wangsakusuma, nak-sanakipun Suwandi Suryanagara, kadhawuhan anggêpuk barisan Mayong, IV~65.

Wangsanagara, senapati pabarisan ing Pagêrwaja, Bupati Jipang, III~4.

Wangsaniti, lurah wong suranata, andonga lamtara bias wontên ing pêngkêran dalêm Sinuhun P.B. II, supados emut dhatêng kadang (Mangkubumi), IV~53; lajêng dados pangulu ing Surakarta, kadhawuhan manggihi Sèh Ibrahim, XV~58; kautus ingkang Sinuhun P.B. III manggihi Pangeran Mangkunagara dhatêng pabarisan, XX~54.

Wangsèngsari, kêkasih Kabanaran, pêjah pêrang wontên ing Panaraga mêngsah Pangeran Mangkunagara, XV~16.

Warihkusuma, radèn, rayinipun Pangeran Mangkunagara, XIV~31; nyêntana wontên ing Kasunanan, dêdalêm sakilèn Suranatan, cakêt kadhaton, XXI~45.

--- 40 ---

Warsakusuma, putra wuragilipun Pangeran Ngabèi, pulunan Sinuhun Sultan Ngayogyakarta, kawisudha asma Pangeran Blitar, XXI~72.

Wêlang, gêmak pêparingipun Sinuhun Sultan Mataram dhatêng Adipati Madura, XIX~5.

Wêngkêr, dêmang, lêlurah panumbak namèngyuda, sisihanipun Ranggawarsita, XVIII~47; XX~53.

Wijil, pangeran ing Kadilangu, kanthinipun Radèn Arya Endranata ngrêrapu Pangeran Mangkubumi, III~33.

Wilatikta, radèn tumênggung, Bupati Blora, abdi Mangkubumèn, III~9, 34.

Wingka, kaji, abdi Kabanaran kabantokakên dhatêng pabarisan ing Gondhang, VIII~65; pêjah kenging mimis, VIII~70.

Wiradigda, tumênggung, senapati Surakarta ingkang badhe ngantêp pêrang kalihan Pangeran Mangkubumi, III~71; jaman Sinuhun P.B. III dados bupati wadana jawi, XXI~114.

Wiradigda, mriks. Samadipura.

Wiradigdaya, mantrinipun Rangga Wirasêtika, pêjah pêrang kalihan prajurit Mangkunagaran, XIV~24.

Wiradipa, radèn, mantri Pringgalayan, andhèrèk tindakipun sang adipati dhatêng Batawi kautus Sinuhun P.B. III, IX~25.

Wiradirja, prajurit Surabaya katêtêpakên wontên ing Wirasaba, XVIII~42.

Wiradirja, putunipun Citrasoma, katêtêpakên dados bupati ing Surabaya, XVIII~40.

Wiradirja, santananipun Adipati Jayaningrat, katanêm dening dêlèr dados adipati wontên ing Pakalongan sarta dipun santuni nama Adipati Wiradiningrat, VIII~42; XI~60.

Wiradiwangsa, mriks. Bandhèk.

Wirajaya, ki, nênggani Sinuhun P.B. II nuju gêrah, VI~30.

Wiraguna, mantri Mataram pamongipun Radèn Sumanagara, pêjah dipun rampog prajurit Mangkunagaran, XIX~53.

Wiraguna, mantri Pringgalayan, ngirid jagul ambêkta arta 3000, dipun begal Kudanawarsa wontên ing Gêtas. Wiraguna pêjah, XVIII~59.

Wiraguna, bupati panumping Kabanaran dipun kanthèkakên Pangeran Adiwijaya ngêlar jajahan dhatêng tanah Kêdhu, VIII~34.

Wiraguna, mantri gadhing, kengkenanipun Adipati Jayaningrat ing Mataram, ngaturi priksa dhatêng Sinuhun Sunan Kabanaran bab badhe suwitanipun Tubagus Buwang, plajêngan saking Bantên, X~78.

Wiraguna, senapati Surakarta badhe ngantêp pêrang kalihan Pangeran Mangkubumi, III~71.

Wirayuda, ki, tiyangipun petor Samarang, kapurih tumut Sarip Bêsar badhe pêpanggihan kalihan Sinuhun Sunan Kabanaran, XV~57.

Wirakusuma, pangeran, raka Pangeran Wijil ing Kadilangu; andhèrèk sapurugipun Pangeran Mangkubumi, V~5.

Wirakrama, rangga, mantrinipun Adipati Jayaningrat ing Pakalongan, VIII~42.

Wiramêja, mantri Ngêblêg, kanthinipun Surajaya, pacakbaris wontên ing Panaraga, badhe mapagakên pamukipun Pangeran Mangkunagara, XI~46.

Wiranagara, tumênggung, kanthinipun Tumênggung Martanagara anjagi Dêmak lèr, II~76.

Wiranagara, ngabèi, ugi nama Sêtradinangga ing Lungge, abdi Kabanaran, XIV~33.

Wiranagara, adipati, ugi nama Malayakusuma, putu Surapati, XIII~6.

Wiranagara, Bupati Pasuruan, anakipun Mas Ibrahim, putu Surapati, XII~36.

Wiranagara, Bupati Têgal, têluk dhatêng Sinuhun Sunan Kabanaran, putunipun Tumênggung Panji Wiranagara ingkang pêjah pêrang wontên ing Surabaya, XI~46, 48.

--- 41 ---

Wiranala, têlikipun Tumênggung Arungbinang kadhawuhan suwita dhatêng mêngsah Pangeran Purbaya, IX~56.

Wiranata, ugi nama Kurdhanagara, Tumênggung Sukawati, têluk dhatêng Surakarta, XII~8; nilar Sala, suwita dhatêng Kabanaran malih, XIII~71; lajêng ngabdi dhatêng Mangkunagaran; ambalik malih ngabdi dhatêng Kasunanan, wusana dipun lunas saanakipun, jalaran damêl kisruh, XVI~19, 74.

Wirasana, mantrinipun Mas Rangga Wirasêtika, pêrang wontên ing Panaraga kenging dipun pistul dhatêng Pangeran Mangkunagara, botên pêjah, XV~15; pawingkingipun dados kliwon panumping Mataram, kaparingan nama Tumênggung Kartanadi, XVII~69.

Wirasari, radèn, mantunipun Wiramanggala, rumiyin abdi gandhèk ing Surakarta, nyukani katrangan kathah-kathah dhatêng Sèh Ibrahim ing bab kawontênanipun Pangeran Mangkubumi, XIV~69.

Wirasastra, lurah saragêni Kabanaran, XV~39.

Wirasastra, Tumênggung Dêmak, sadhèrèkipun Adipati Sindurêja, lajêng suwita dhatêng Kabanaran kadadosakên prajurit suranata kaparingan nama Kyai Duljalal, XI~35.

Wirasastra, radèn tumênggung, bupati damêlanipun Sultan Dhandhun, rumiyin bêkêl ing Kamodinan, V~17.

Wirasêtika, rangga, mriks. Gatha.

Wirasraya, ugi nama Sêcanagara Bupati Surabaya, bapakipun Cêbolang, XIII~4.

Wirasraya, prajurit Kabanaran, ambêbujêng Tumênggung Arungbinang wontên ing Pagêlèn, X~11.

Wirasraya, kandhuruan, abdinipun Sultan Dhandhun kautus mundhut bumi Mataram lan têlukipun Tumênggung Jayawinata, V~27.

Wiratha (Wiradesa), tumênggung, nyukani margi dhatêng Kumpêni ngantos sagêd angrêbat nagari Pakalongan, XI~60.

Wiracana, anakipun tumênggung dhongkol Mangkuyuda, dados kliwon anggêntosi Ngabèi Martawijaya, XIX~23.

Wiramêja, radèn, mriks. Radèn Mas Guntur.

Wirawangsa, panèkêt Samalangu kautus Sinuhun Sunan Kabanaran maringakên sêrat dhatêng Tumênggung Arungbinang, X~22.

Wirawidigda, mriks. Wiradigda.

Wiradiningrat, radèn tumênggung, mantu Sinuhun P.B. II, dhaup kalihan Gusti Ratu Alit, I~64.

Wiryakusuma, radèn, putra Pangeran Adinagara, pulunan Sinuhun Sultan, kawisudha nama Pangeran Arya Prangwadana, XXI~72.

Wiryamanggala, kautus Adipati Samarang dhatêng Batawi, wangsulipun sêsarêngan kalihan Sèh Ibrahim, XIV~69.

Wirun, gêgambaranipun Ardiguna, tiyang bagus, XX~48.

Wisesa, sahyang, dewa ingkang dipun puja-puja dhatêng Ki Ajar Kuthawindhu, XXI~27.

Wuku, radèn ajêng, putrinipun Kangjêng Ratu Madurêtna patutan kalihan Adipati Cakraningrat ing Madura, dhaup kalihan Pangeran Adipati Anom, putra Sinuhun P.B. II, III~67.

Wong agung surayèng bumi, gêgambaranipun Sinuhun P.B. III, XXI~20.

Wurubasani, kapitan, têtindhihipun prajurit Ambon, kabantokakên dhatêng Ungaran, X~57.

Wrêgadimênggala, dêmang, anjagi nagari Garobogan, VI~52.

Wrêksanagara, tumênggung, mriks. Panatasingron.

--- 42 ---

...Halaman kosong.