Sastra Jawa

Program Digitalisasi Sastra Daerah

  • Increase font size
  • Default font size
  • Decrease font size

Dongèng Cêkruk Truna, Anonim, #221

Katalog:Dongèng Cêkruk Truna, Anonim, #221
Sambung:-

Sêrat Dongèng Cêkruk Truna

1. Asmaradana

1. wontên sujanma sawiji | lola tanpa babu bapa | Cêkruk Truna panêngrane | ngumurnya salawe warsa | dêdêg sêdhêng pidêksa | sarwa santosa liripun | nanging bodho nora sastra ||

2. dènnya tinilar ing bibi | lagya ngumur wolung warsa | datan antara lamine | saking bapa biyung ajal | uripnya Cêkruk Truna | sasirnaning bapa biyung | pinupu dening tatôngga ||

3. sinung boga wastra tuwin | pinardi ing tatakrama | ing padesan pratikêle | cara-carane cinakra | patitis têtela trang | têtela lêlantèh dhusun | dhasar pasanging graita ||

4. lantip trusing

--- 2 ---

budi mingis | kira-kira karacutan | tan timbang lawan wujude | tapsilaning kasusilan | labêt nèng pangengeran | mangarah sambunging umur | urip ngarêp-arêp pangan ||

5. salaminira prihatin | Cêkruk Truna nora êsah | mingis ngisis graitane | anitèni lêlampahan- | ning wong tumitah gêsang | tinutuh kang nora patut | tan tinut mamrih budyarja ||

6. jêjarwa jarwaning urip | lêlakon dadi piwulang | Cêkruk Truna watêkane | yèn ngèngèr sêsasi lunga | nêm dina pitung dina | kongsi umur slawe taun | mubêng têpung tanah Jawa ||

7. angèngèr sudagar santri | priyayi tani ing desa | wus mangkono salamine | nora wêkêl ing pakaryan | bocah tumêkèng tuwa | lah iku rupaning punggung | ginunggung janma utama ||

8. ngalor ngidul wus tinampik | judhêg tan antuk bandara | iku labête wong cak-cèk | kinacèk samèng tumitah | jêmbarkên [jêmbarkê...]

--- 3 ---

[...n] laku ala | kasup sinuksma nèng tutur | tinutur sasat sêtatblat ||

9. dadya Cêkruk Truna ngênting | putusing nalar nalirah | ngarah-arah sadurunge | nganggit-anggit ngrekadaya | mubêng jangkaning nala | tanpa jinangkah ing laku | kukuh karoban ing ala ||

10. nalare putus tur titis | tatas pasanging pandaya | dhasare wong rada kêsèt | kusut yèn mulat ing kasap | iku Ki Cêkruk Truna | nanging padha-padha busuk | sabên dina pasang cipta ||

11. nuju ing sawiji ari | sêsèndhèn soring mandera | pinggir wana èrèng-èrèng | pribadi tan mawa kônca | maningit namur samar | ngunandika jroning kalbu | patrap pratikêling gêsang ||

12. sun timbang sun rasèng budi | budi adining nyuwita | luwih enak ngèngèr tlèdhèk | nyandhang bagus mangan enak | pinatah ngandhut kinang | yèn dhêdhèrèk ngampil payung | kadhang antuk nyenggol pundhak ||

--- 4 ---

13. gendhong pangilon nyênyangcangking |Lebih satu suku kata: gendhong pangilon nyênyangking. buntêlan saptangan abang | isi kêmbang wêdhak borèh | kêmbang lan lênga jêbadan | gônda mrik ngambar-ambar | katuping maruta mardu | saiba sukaning grana ||

14. nèng marga antuk ngaliling | lumaku tan lêt rong jangkah | dhasar ayu maksih anom | busana endah borehan | sarta ngiring pradôngga | kêndhang nèng ngarsa tinabuh | guguk karêngèng mah mônca ||

15. datan dangu anèng margi | ana sujanma kang ngundang | tinanggap kinèn anjogèt | sababak opah rong uwang | yèn antuk tigang dasa | pikantuknya arta gunggung | kumpul nêm rupiyah abang ||

16. ingsun pasthi dèn paringi | apêse arta patang wang | isih olèh mangan jêro | sun karya bumbung celengan | pring pêtung gêdhe dawa | sabên dina dhuwit nyêmplung | patang uwang patang uwang ||

17. nadyan tan bêbarang tampi |

--- 5 ---

wus lupiyaning bêgondhal | seje blêdug sadinane | yèn ana bujang kongkonan | tuku tike panganan | prêsèn rong gobang wus tamtu | trakadhang sok nganti suwang ||

18. iku ingkang dadi asil | kang pasthi sun karya jajan | sêtèng suwang sadinane | rèhning sun wus antuk pangan | sajabane patang wang | dina-dina dhuwit mlêbu | pring pêtung bumbung celengan ||

19. blanjaku etung sêsasi | sapuluh rupiyah slaka | tumêka sataun kèhe | satus kalih dasa [...]thakpêthak. | lamun sadasa warsa | sèwu kalih atus gunggung | rupiyah slaka Nèdêrlan ||

20. ho o dene ingsun sugih | dhuwitku luwih sapodhang | satibane ingsun kajèn | aji-ajining agêsang | wit-witaning gunarja | jangji jujur dènnya ngêjur | gunasti wirutamèng tyas ||

21. tama-tamaning dumadi | dadi sampurnaning gêsang | bôndha [bô...]

--- 6 ---

[...ndha] gêdhe prabawane | jumênêng ratuning titah | sasat ngingu malekat | sakèhing sakti ngalumpuk | kadigdayan kanuragan ||

22. dadi ratuning pangasih | pangasihan ngalam donya | sabên bôngsa trêsna kabèh | asih wlas mring drajad bôndha | wong ngarah putri tama | lamun dhuwit nora luput | barang kang cinipta kêna ||

23. pra pandhita pra[...] sanip | oliya sayid pukaha | jamhur-jamhur lan para sèh | guru sampurnaning pêjah | pujangga swarjanengrat | jaman mangke kang dèn luru | tan liya wêtuning arta ||

24. trahing wirya kusumadi | para prentah Wlônda Jawa | probrur adpokad guprêmèn | rad pan Indi presidhèn bang | tan liya melik arta | cekoh regoh kaki jambul | kere ngêmis luru arta ||

25. dhuwit narendraning bumi | malah pangeraning jagad | wus ana tôndha

--- 7 ---

cirine | unine têmbung Walônda | lètêr pinggiring sêmat | gud simèt onês liripun | Alah nunggal ing kawula ||

26. yèn mangkono Mahasuci | nora adoh saka sêmat | dhasar iku kuwasane | sipatnya takduga padha | ingaran kalih dasa | sok mangkonoa wong iku | lamun sugih-sugih Alah ||

27. dhasar dhuwit ingsun benjing | sun irit sun ulur dawa | sêmpulur saking têmêne | sabên sasi tambah-tambah | wêtuning putra wayah | wit dhuwitku luwih sèwu | cukup sun mangan anakan ||

28. kaya-kaya nora ênting | sun pangan sajêgku gêsang | tur tan ngowahke babone | nak kêmanak salawasnya | malah wuwuh tan suda | wus mangkono lakunipun | yèn wong bôndha dadi lêpda ||lêbda.

29. lamun gunung dèn urugi | wong mlarat saya kinuras | lêgok jurang

--- 8 ---

dadi kalèn | sugih sabên taun tambah | wong mlarat kêmalingan | apêse kêna ingapus | mulane wong sugih arta ||

30. sinunggi pinundhi-pundhi | cocog lan daliling Kuran | kang wus jinarwa para sèh | ngamlu sapinatun apsa | pardikane mangkana | ngamal kang minôngka prau- | ning badan para manungsa ||

31. nadyan panariking swargi | dêdalaning kasampurnan | sêtya tuhu pangidhêpe | bangkit nyirnakkên naraka | jajal jin setan sirna | lunga khaji kaping sèwu | wus pasthi yèn katutugan ||

32. ananging prakara dhuwit | watêke bangsaku Jawa | ana bae panacade | yèn mêtu saka wong sudra | ingaran arta karam | nanging bisa jawab ingsun | jêr bundêr putihnya padha ||

33. kuwasane uga sami | ing môncapraja warata | nadyan rêga padha bae | malêbu toko Walônda | Batawi Surabaya | milih barang apa [a...]

--- 9 ---

[...pa] antuk | utawa laku lautan ||

34. alas gunung atas sami | ing dunya ngakerat padha | nunggang prau myang sêpur wèh | ringgit rupiyah tan beda | kere lan pra bandara | padha bae ajinipun | ringgit têlung puluh uwang ||

35. mungguh ta kwasaning dhuwit | ratu-ratuning digdaya | kanggo bubak alas gêdhe | sakala dadya nagara | ewon lêksan wong têka | apa ta padha tan wêruh | tanah Dhèli ing Sumatra ||

36. alas gêdhe dadya nagri | awit sinêbaran arta | sakèh bôngsa lanang wadon | bocah-bocah manjing kontrak | angalap prajangjiyan | tômpa dhuwit kinèn nambut | karya satêngahing wana ||

37. kêmbang jayakusumadi | mawantah bundêring slaka | kukum pati urip manèh | kawruh aji pôncasona | myang bandung bôndawasa | èsmu-èsmu jaya dumuk | tan liya bundêring slaka ||

--- 10 ---

38. wong magang ngawulèng gusti | kumacèlu bêngkok sawah | ingkang junge gêdhe-gêdhe | dadya jongos Cina Lônda | milih akèhing blônja | lah ta iku saksinipun | yèn melik bundêring slaka ||

2. Dhandhanggula

1. nanging ingsun rasa-rasa malih | ingsun timbang para lit jro badan | kaya-kaya tan pakolèh | kala sun maksih timur | blêjag-blêjag kèlingan mami | sajroning taledhekan | ana rusuh-rusuh | janma patine cinidra | srana tinggar pok karna netranya mijil | tledhekan kagegeran ||

2. lurah tlèdhèk sabature tintrintintrim. | pinusara umanjing kunjara | sing pangadilan karsane | pinriksa mlêbu mêtu | saka cêpir tinali goci | pinindi ing pamriksa | tan wruh kinèn ngaku | adhuh-adhuh nora eca | ngèngèr lèdhèk yèn kaya iku mlarati | bêcik luru [lu...]

--- 11 ---

[...ru] bêndara ||

3. ingkang pantês kêna sun aubi | ingsun timbang-timbang wus tan ana | kang kadya wong ngèngèr lonthe | luwih enak têrtamtu | tur yèn siyang nora kaèksi | mung yèn dalu kewala | mero-mero pupur | nèng madyèng ratan lêledhang | sarwa pantês busana kang adi-adi | lir apsari kaswargan ||

4. iku ingkang bisa amumpuni | budidi darma mantêp sônta budya |Lebih satu suku kata: budi darma mantêp sônta budya. wong kasap sandhang pangane | tinuwa tuwi ingsun | mring lonthe dèn akèn sudarmi | binapa-bapa mulya | mukti run-tumurun | iku jatining kawiryan | dene lamun ana kang sumêdya arsi | salulut lan bandara ||

5. amung ingsun kang tinari-tari | pasewannya gyanira sumêdya | awor rêsmi lawan lonthe | sun pancêt bayaripun | [...]n sawêngi | patang rupyah tan kurang | pasthi kèh kang purun |

--- 12 ---

artane sun pinaringan | wolung uwang panganku pinanci-panci | pininta sêga iwak ||

6. dene arta wolung uwang nguni | ing sadina sun gunggung sawulan | rong puluh rupiyah kèhe | gunggung kumpul sataun | kalih atus pat puluh rispis | lamun sadasa warsa | kèhe kalih èwu | kawan atus rupyah slaka | e e dene okèh timên ingsun wilis | sasat ratuning bagja ||

7. lèrèn saka ing palonthèn dadi | toko bae utawa juragan | nadyan nglakokake gadhe | dhuwit rong èwu cukup | thênguk-thênguk nèng pinggir margi | barang apa kang endah | pèni-pèni rawuh | sun gadhe saparo rêga | pasthi untung sugih bathi tanpa rugi | lumintu sabên dina ||

8. nulya ingsun ngingu juru tulis | [...] tukang nglêmpit barang | lakune ing jaman mangke | wong gadhe tuku buku |

--- 13 ---

miwah blangko ginawe kitir | prajangji têtela trang | kasêbut nèng ngriku | sarta tariping anakan | nora kêna nêrak sathithik bilai | tamtu tumibèng dhêndha ||

9. nanging lamun ingsun ngati-ati | kaya-kaya slamêt tanpa kara | yèn wus kinawruhan wète | dene sariraningsun | bôngsa Jawa kang maksih kenging | jro nawala pradata | wong Jawa kêlaku | anggadhe-ginadhe barang | padha Jawa guprêmèn misih marêngi | lah iku bagyaningwang ||

10. sun watara saya tambah sugih | takrangkêp adol bumbu grabadan | barang kang larang sun wade | ingkang murah sun tuku | apa bae ananing grami | Samarang Surabaya | Batawi sun wêruh | rêganing jinis dagangan | toko Lônda toko Cina sun angkuti | saya lawas pracaya ||

11. sun tirune Cina dènnya grami | sabab taktimbang-timbang ing dunya | Cina iku pintêr dhewe | pangupajiwanipun |

--- 14 ---

praptèng Jawa purwaning nguni | mung kathokan kewala | tan antara dangu | manggon anèng tanah Jawa | dadi sugih omah gêdhong pinggir margi | ngungkuli bôngsa Jawa ||

12. klakuane Cina luwih wasis | pambudidayaning rajabrana | kêna tiniru patrape | sudarsananing idhup | linakonan têmên nastiti | tur kanthi puja môntra | têmên ing panyuwun | sanadyan nêmbah brahala | nora beda Gusti Alah sipat rakhim | sapa têmên pinanggya ||

13. durung ana wong Jawa madhani | marang Cina tikêl pra sadasa | sabarang rèh kagungane | ewadene sun saguh | amadhani miwah ngungkuli | kapintêraning Cina | krana pawitaku | rong èwu rupiyah pêthak | sêdya apa bae sakarêpku dadi | nadyan praptèng akerat ||

14. sual ngadap pitakon ing ngakir | lamun ingsun sugih arta mênang | malaekat pira kèhe | kêndhak [kê...]

--- 15 ---

[...ndhak] kandhêg andulu | kèhing dhuwit pasthine melik | rêhning dunya paesan | ing akerat besuk | nadyan dhuwit uga padha | pêpaesan dunya ngakir dadi kanthi | malekat sih sutrêsna ||

15. lamun ora mangkono sun pikir | dadi dêmang bae luwih gampang | bêkti sèwu rupyah olèh | dèn iring wong gumrudug | ngampil epok panurung lampit | payung bang sèrèt prada | saiba bungahku | kajèn kèringan nèng desa | garwaningsun sakingkang anunggang joli | saênyèk nunggang jaran ||

16. môngsa panèn garwaku mring sabin | ani-ani sarwi payung abang | sandhingane tenong cèrèt | gêbayan kamisêpuh | angladèni nèng têngah sabin | sun prapta laju dhahar | akèh yèn sun rêmbug | prakara muktining dêmang | nanging ingsun wêruh lêpiya ing nguni | dêmang kêsandhung nalar ||

17. pocot [poco...]

--- 16 ---

[...t] saka lungguhe alamis | malah dina iki misih ana | dêmang dadi thetheore | bêcike bae ingsun | nandhing milih laku utami | kasênêngan manira | kang doh ing pakewuh | kang tan nganggo ulah nalar | wataraku luwih enak dadi tani | tuku sawah kewala ||

18. sabau rêga sapuluh ringgit | sabab sawah bêcik rêga larang | yèn antuk êloh bumine | tuku sapuluh bau | satus ringgit ingsun wragadi | satus ringgit wus mêntas | gunggung limang atus | rupiyah jroning nêm wulan | ingsun etung kabèh rêsik ru[pa] [pa]ri | tri dasa mêt tan kurang ||

19. rêndhêng dèn dol adat ingkang uwis | samêt payune sèkêt rupiyah | yèn gedhengan ngrondul kene | dene ta liyanipun | samêt payu salawe rispis | trakadhang nganti langkah | e la dalah untung | dhuwit rong èwu rupiyah |

--- 17 ---

bisa dadi têlung èwu ing sawarsi | tur mung tani kewala ||.

20. nanging ingsun rasa-rasa malih | ing jaman kuna ana wong desa | Sêtrasêtika arane | sugih turun-tumurun | pakaryane tan liya tani | prandene nora kurang | sarwa-sarwi cukup | dupi ing alama-lama | salah môngsa gaga sawah nora dadi | gabug dèn pangan ngama ||

21. mênthèk ulêr lodhoh walang sangit | têlung warsa nora pêpanenan | têmah miskin wusanane | kêbo sapine larut | môngsa potho akèh kang mati | luwihnya dèn dol pasar | nyôngga pajêg suwung | yèn mangkono nora eca | kang sun pikir pangèngèrku bae dhisik | pancataning nugraha ||

22. lonthe iku bèrbudyambêg mukmin | lila eklas prasasat sidêkah | rina wêngi sak-sok wèwèh | marang sanak sadulur | miwah batur pamitran [pami...]

--- 18 ---

[...tran] tuwin | mring bapa kadya ingwang | kang ngrêksèng pakewuh | tanggung saliring bêbaya | kang tumêmpuh ingsun kang ngalang-alangi | marmane wolung uwang ||

23. saya akèh momongaku èstri | tambah-tambah rèhningsun kasusra | kawêntar ing jagad kabèh | nastiti pamomongku | alus lurus atiku murni | santosa gagah panggah | kas kuwat tur kukuh | nalar ruwêd bundhêl wudhar | amancasi pra lonthe pêtênging budi | sida dadya widada ||

24. dadi dêdalaning tyas utami | amancasi sukêrtining cipta | kasusahaning pra lonthe | ingsun kajibah mutus | nadyan batur lonthe mumpuni | ing nalar lêlukitan | ingkang lêmbut-lêmbut | dene ingsun nora sastra | nanging jênêng pintêr iku dudu tulis | yakti wong olah nalar ||

25. nadyan sastra yèn nalar sacuwil | parandene tangan bisa molah | angubêngake êpène |

--- 19 ---

wus pasthi thingak-thinguk | awit saka pêtênging budi | wus prasasat palwaga | lah iku wong kumprung | sastra tan ahli lukita | seje kaya ingsun wong caksanèng budi | budyayu tyas nirmala ||

26. marma wolung uwang datan rugi | ing sadina paring blônja mring wang | jêr luwih gêdhe gunane | lamun ana pakewuh | bôngsa padu padudon dhiri | ngadu rosaning angga | sun saguh katêmpuh | luwih manèh bôngsa nalar | kang balasar ingsun bangkit angrampungi | mèt waton kuna-kuna ||

27. ewadene ingsun pikir malih | wêwekane wong ulah mring nalar | kudu pratitis patrape | sanadyan enak-enuk | pakewuhe ingsun kawruhi | wong nganggo pôncadriya | wajib wênang luru | ayu enaking sarira | nadyan untung gêdhe sak-sok jrang-jrèng dhuwit | kudu wruh pahalanya ||

28. sabab [sa...]

--- 20 ---

[...bab] ingsun iki jênêng urip | jari santri mêngku kayun kayat | uga rong puluh cacahe | kawawa guwang ngêjum | ala bêcik kinèn amilih | wajibing wong ihtiar | rèh pêpasthèn iku | gaip tan kêna kinira | tiningalan sadurunge nora kèksi | iku purwèng ihtiar ||

29. ing sajroning urip ingsun iki | ana nata pangulu pêpatya | jaksa ingkang kaping pate | cacah papat iku |Kurang satu suku kata: cacah papat pan iku. rêrêmbugan rina lan wêngi | barang durung kalakyan | puniku kang ngrêmbug | yèn wus rujugrujuk (dan di tempat lain). papat karsa | dadi siji kusus yogya dèn lakoni | badan amung sadarma ||

30. anglakoni parentah gusti |Kurang satu suku kata: anglakoni parentahing gusti. kang wus sarujug rêmbag sajuga | pangulu patih jaksane | iku yogya tinurut | anglakoni prentahing gusti | ing mangke gustiningwang | jro angên-angênku | anggalih pangèngèr kita | milu

--- 21 ---

lonthe nadyan wêtune nyukupi | bisa nyèlèngi arta ||

31. tur blêdugku sabên dina mintir | nanging maksih sun timbang tan eca | sun wus wêruh lêpiyane | lurah lonthe karuhun | Wirakosa araning janmi | tinêdah dadya lurah | lonthe Kampungbaru | sawetan bètèng Ngayugya | lurah têrang sing parentah mawa buslid | akèh kuntunganira ||

32. samana nuju sajuga ari | Lônda saradhadhu bètèng têka | watara sapuluh kèhe | pating galuyur mabuk | ayon manjing plonthèn ngupadi | lonthe yun kinarêpan | kurang lonthe têlu | mung ana pitu wanodya | gya rêbutan têmah pôncakara sami | Wirakosa sru panggah ||

33. anggagahi sarta angabani | ngurusake nalar dènnya drêdah | suldhadhu salah tampane | lurah lonthe dèn krubut | Wirakosa

--- 22 ---

satêngah mati | thinuthukan ing pêdhang | sirah rêmpak rêmpu | kêlah mangadhêp komandhan | Wirakosa kalah rèh tan darbe saksi | tur kang wruh pira-pira ||

34. mila ingsun timbang-timbang malih | nora enak wong ngèngèr kriwilan | bôngsa wadon dhasar lonthe | yèn katanggor lir iku | Wirakosa kaya wak mami | wong putus olah nalar | bijaksèng pakewuh | yèn prakaran nganti kalah | ingsun wirang uripku nèng dunya iki | parandene kasoran ||

35. nandhing milih ihtiar kang wajib | rèh wong mur[...]murtya. diyanjana tama | wong kang kaya ingsun kiye | pupur sadurung bênjut | durung mlaku sampun lumaris | lire duga watara | kang durung karêmbug | atasing urip punika | sadulure tan liya dugi prayogi | yogyane linakonan ||

36. awit lakunira wong aurip | carita bêcik arang kang jêmbar |

--- 23 ---

yèn ala nglangut parane | kapriye raganingsun | ngupaboga sampe kang sukci | ngupaya kasampurnan | dunya ngakiripun | pêpadhang dadi sawarga | yèn pêpêtêng naraka agêng dhatêngi | bêcik ngalih lantaran ||

3. Sinom

1. sun rêmbug-rêmbug tyas ingwang | bêcik ingsun dadi santri | mubêng anurut padesan | esuk sore ngêmis-êmis | bêbêt sarung lininting | kathok kombor ikêt wulung | têkên pênjalin dawa | turut marga nyangklong kujikudhi. | nyangking kacu putih kluwus lawon mêntah ||

2. tinon lir jamhur lêlampah | tirak lir akul mukmin |Kurang satu suku kata: tirak lir akul mukminin. wadana wênês sumilak | ngasorkên padhanging sasi | lumaku mari dikir | napi isbat tindakipun | tinon lir akmaliyah | yaiku kamil mukamil | sawang-sawung kawuwung maca istipar ||

3. nglakokkên sabar darana | ambêg santa budya

--- 24 ---

mamrik | mrik minging ngambar sumêbar | kababar sagung ningali | ngupakati wong bêcik | katara ing tindak-tanduk | patraping sêsandhangan | liringing pasuryan wingit | singa mulat lumuntur ing kasutrêsnan ||

4. sung wêlas mring raganingwang | wit katonton cahya wêning | masangkêp kadya pandhita | ingkang ahli puji dikir | nulya sun dèn aturi | lunggyèng bale jajar lungguh | lan ingkang darbe wisma | nuli ingsun sorah-sorah ngèlmi |Lebih dua suku kata: nuli ingsun sorah ngèlmi. watak tani gumun crita kaelokan ||

5. pasthi sun sinungan bêras | apêse sabêruk cilik | kadhang dhuwit nganti suwang | aku etung omah siji | ganêp sadina pasthi | antuk omah patang puluh | dhuwit patang rupiyah | bêras patang puluh bêrik | sabên dina kayaku patang rupiyah ||

6. sun kumpulakên nèng wadhah | lawas-lawas uga sugih | yèn [yè...]

--- 25 ---

[...n] mangkono luwih gampang | ngupaya muktining jisim | êndi kang dèn antêpi | dadi sandhang panganipun | cukup kongsi tumêrah | anak putu kang nampani | bisa ingsun wiwiti janma utama ||

7. adate wong ing padesan | santri kèh kang dèn ji-aji | jinunjung ing pakurmatan | tur yèn sun ngêmis mênangi | wong tani lagi bukti | dèn ajak barêng salungguh | boga sêga golongan | jangan bobor lombok rawit | kang sinambêl tempe bosok anèng layah ||

8. rèh sayah iba kang nikmat | dadi sungsum gêtih daging | wong padesan watak lilan | yèn dèn pangan para santri | sawusing nadhah nuli | ingsun nêmbung anênuwun | mlas-asih manuhara | musapir luntur ingkang sih | iya iku wêtuning kang kanugrahan ||

9. lawan malih lamun môngsa | panèn [pa...]

--- 26 ---

[...nèn] pari adat tani | santri ngêmis jinakatan | wong siji trakadhang nganti | sagèdhèng awèh pari | gutuk dangan pasthi payu | kalih rupyah tan kurang | liya iku pitrah kêcil | akèh bae kauntungan kang tumiba ||

10. o o kapriye wak ingwang | dene nora bisa ngaji | yèn kajibah andêdonga | tan bisa donga sacuwil | nora na sun apali | kêjaba mung bisa kulhu | sayêkti nora lumrah | apal kulhu dèn go amin | môngka watak tani donga kudu dawa ||

11. yèn mêngkono kang prayoga | bêcik ingsun ngaji dhisik | mring Sêpanjang Surabaya | Sidacêrma goning kyai | kang para putus ngaji | sabarang kitab winuruk | jur kawin lan jur ngiyah | ngakait naola tasrip | myang bajuri tapsir awal akir wignya ||

12. lamun tan mangkono wirang | gon ingsun angêmis-êmis |

--- 27 ---

dèn gêguyu ing akathah | tinêmpuh ing wirang isin | pucêt cahyaku ngênthir | lunga têka netya payus | nora na kang tumimbang | wong wirang wurung dumadi | kaya priye polahku angupaboga ||

13. kale pangan luwih kuwat | ujare wong santri ngaji | pil rijêki mubalagah | iku lapal dèn wardèni | napun dalêm rijêki | dadi pikuwating idhup | dhasar nyata têtela | urip lantaran rijêki | na-kumuna wong urip amangan sêga ||

14. nadyan dwijawara tapa | manungku puja nèng ardi | tatkala ing jaman kuna | pasthi kêlêbon rijêki | dora yèn ora bukti | nilik dalil Kur'anipun | yêkti tan kêna pisah | urip lantaran rijêki | yên mangkono mung saka pangalêmbana ||

15. lawan malih sun kèlingan | anggêr anyar mêngko iki | kanggo Nèdêrlan Hindia | yaiku ing tanah Jawi | dèn arani [a...]

--- 28 ---

[...rani] sitruksi | têmbung prasman têgêsipun | pacuhaning parentah | paukuman dèn gantungi | tur pinacak linumrahkên ing sêtatblat ||

16. critaning anggêr mangkana | yèn wong nguladara santri | ngêmis-êmis turut desa | kêlêbu wêwalêr nagri | cinêkêl ing pulisi | lumêbèng sêpir tinutut | rol pulisi pinriksa | wusnya trang gya dèn dhawuhi | munggah landrat dadya panimbanging prarat ||

17. kang wus muni paukuman | yèn wong nguladara tampi | buwangan panggawe paksa | nganggo dèn kalungi wêsi | limang taun wus pasthi | rèhning undhang iku kukuh | kas kuwat tanpantara | presidhèn amung sadarmi | andhawuhkên apa unine sêtatblat ||

18. ah lamun mangkono ingwang | nora sida dadi santri | ngoja-ngaji gawe apa | pira mote wêtêng siji | pira suwening urip | sandhang pangan bae bingung | tan kurang panggawean |

--- 29 ---

kaananing donya iki | nora ewuh lunga mancing bae mangan ||

19. sun sambi ngiras tirakat | esuk sore wira-wiri | nurut imbanging narmada | taksranani cangkêm muji | prasasat Sunan Kali | gawa walêsan mêthêngkrus | iku bae yèn bagya | dadya lantaraning sugih | ingsun mancing kadhang bisa olèh tômbra ||

20. gene kok sun nguni wikan | tômbra siji payu sringgit | tinuku Cina gadhean | taktakoni gone mancing | yèn mangkono wong iki | gampang bae arêp untung | amancing bae bisa | dadi dêdalaning sugih | olèh siji payu têlung puluh uwang ||

21. saupama olèh lima | pasthi payu limang ringgit | saiba kamuktèn ingwang | kropyak-kropyok crang-cring dhuwit | sataun bae dadi | Nyai Blorong kundhang kidung | kêkasur bantanbantal. reyal | tur amung [a...]

--- 30 ---

[...mung] sarana mancing | nanging uga ingsun rasa durung eca ||

22. iya yèn kêbênêr bagya | sabên dina bisa olih | mancing tômbra kali Praga | rêjêkiku bisa mintir | wangsul yèn ora olih | ngolah-ngalih munggah mêdhun | sarwi gawa walêsan | pakan nèng bumbung pring cilik | nyabukake kêpis gêdhe têmah sunya ||

23. anganthêng sajam têlung jam | saya pêgêl nurut gigir | tan ana iwak kumlêndhang | ucêng pilêg bae sêpi | tur udan riwis-riwis | suprandene wastra klocut | gya mulih praptèng wisma | sêdhakêp nèng pinggir gêni | ngonggo-onggo sadina tan antuk bagya ||

24. nèk mangkono nora eca | wong angupajiwa mancing | yogya sun milih pakaryan | liyane kang wus sun wilis | dodolan bae uwis | adol sate turut lurung | lêbon limalas uwang | yèn bagya payu rong respis | ingsun etung

--- 31 ---

duwe bathi sangang uwang ||

25. lo kok jêbul bathi kathah | takgunggung sêsasi bathi | rolikur punjul nêm uwang | iku bae taklakoni | nanging sun pikir-pikir | kudu pawitan kang cukup | nganti limalas uwang | olèhku dhuwit ka ngêndi | awit iku tan cukup pawitan rong wang ||

26. sanadyan cukup rong uwang | olèhku iya ka ngêndi | dêstun ngêmis turut pasar | kêmringêt olèh sakêthip | lah priye awak mami | mêngkene mêngkene wurung | kadyaparan dadinya | urip mung sapisan iki | kok kewuhan ênggonku ngupaya pangan ||

4. Pocung

1. o o gumun kabèh lantaraning untung | kêpenaking awak | tan ana sranane maning | mung pawitan bau lan pawitan bôndha ||

2. nora antuk pawitan sarana catur | yèn mangkono ingwang | apa nora bisa sugih | nganggo dhuwit saka ngêndi gonku [go...]

--- 32 ---

[...nku] angsal ||

3. angkat junjung ingsun bêcik bae wurung | salawasku gêsang | kêsangsang madyaning bumi | durung tau nyambut gawe kang rêkasa ||

4. dhuh awakku kêpriye bae tinêmu | kênthêle ciptèngwang | mung yugya dèn tohi pati | mati pisan yèn waras sajêge gêsang ||

5. luwih bagus sun lumêbu saradhadhu | prajurit Nèdêrlan | sêdhêng sun misih taruni | yèn kumisi dhoktêr wus pasthi kêtampan ||

6. nganggo sinung angkil dhuwit pitung puluh | lima prajangjinya | anèng Kumpêni nêm warsi | ingsun tômpa panganggo cara Walônda ||

7. topi jas bruk dhasi kêmeja pênatu | putih mawa praba | sêpatu gulang prakêntin | mlaku-mlaku sun bisa wicara tidhak ||

8. cara Mlayu sabarang kang ingsun wuwus | sasat Lônda Prasman | kajèn kèringan sêsami | jalan-jalan akèh wong kang padha nyimpang ||

9. olèh rangsum ping pindho sadinanipun |

--- 33 ---

esuk tômpa kêtan | wahna nganggo wedang kopi | kari ngêmplok kewala nora kangelan ||

10. srupat-sruput plak-plok kêtakêtan. muca-mucu | lawuhe dhok kamal | kadhang êndhok crubuk asin | solan-salin sinarah enaking mangan ||

11. sore esuk ajar prang pupuh lan mungsuh | nèk bêkjakubêgjaku. ana | dadi prajurit Kumpêni | limang sasi sangang sasi munggah kurpral ||

12. blanjaningsun rong rupyah sapasaripun | nganggo sêtrip jênar | suldhadhu kêpêthuk taklim | salwir tangan sun nimbangi pakurmatan ||

13. yèn sêmpulur kabagyanku gya dèn junjung | munggah dadi sarsan | sêtrip renda kanan kiri | nora suwe nuli munggah dadi litnan ||

14. saya kumbul darajadku mumbul-mumbul | gya munggah kapitan | sun bisa nyèlèngi dhuwit | sabên wulan cukup sun sandhang sun pangan ||

15. nanging ingsun rada capêt-capêt ngrungu | kabar nular karna |

--- 34 ---

ing mangke suldhadhu Jawi | kongsi mati nora bisa dadi litnan ||

16. dêstun untung kurpral sarsan wong wis mujur | takrasa tan enak | sun wruh lêpasan Kumpêni | tilas sarsan pènsiun jaga patrolan ||

17. luwih saru nistha patrape kadulu | omah bae tanpa | tur tan darbe anak rabi | wahdhar klèlèt cêkakik isi bêdudan ||

18. adhuh biyung kabèh panjangkaku wurung | mêngkono tan enak | mêngkene nora prayogi | barang nalar nora bisa kêdadean ||

19. amung gêtun yèn mêngkono bêcik ingsun | nekat bae sisan | kaku atiku nèng bumi | prayogane sun bêcik dadi wong edan ||

20. turut lurung bêbêt bagor klambi kadut | ikêt jarik gombal | kang wis suwèk rontang-ranting | tamtu kajèn kèringan samining gêsang ||

21. wong kêpêthuk sumingkir tan wani numbuk |

--- 35 ---

jêr wêdi wong edan | dene panganku mung ngêmis | sabên bakul sêga iwak padha wêlas ||

22. ana munjung ana kang awèh pisungsung | sun nguni uninga | lêpiya wong edan mukti | jênêng Kyai Krapyak wong bawah Magêlang ||

23. kondhang catur kasub kasumbagèng tutur | têmah luwih mulya | pantês têtêp taklakoni | para santri juragan akèh kang wêlas ||

24. yèn sun gêmblung pandugaku luwih untung | ngungkuli Ki Krapyak | sabab iku edan pingging | luwih bodho beda karo awak ingwang ||

25. edan baut guna kasêntikan putus | mêmêt rèhning nalar | jêr nyatane nora garing | sun pasthèkkên akèh wong padha kagiwang ||

26. padha jaluk jimat plarisan maringsun | jaluk kaslamêtan | ana jaluk sarat sugih | wênèh jaluk sarat supayantuk pangkat ||

27. nèk wus mundhut padha suka bungah

--- 36 ---

gugup | awèh sakarsèngwang | malah wong kang takwèwèhi | padha susah mangkono oliyèng Alah ||

28. wong majênun edan ring Hyang Maha Agung | dhasar ingsun reka- | reka muji maca dalil | dhikir saman nêbut kalimah tayibah ||

29. padha gumun pra sudagar miwah bakul | wong dodol ing pasar | lan wong dhasar pinggir margi | takjaluki sabên dina padha bungah ||

30. jêr sun gêmblung dinuga saka majênun | edan ring datolah | dèn arani mêndêm sèpi | wus mangkono watêke bangsaku Jawa ||

31. raganingsun sandhang pangan wus tan ngrêmbug | omah nora susah | bango-bango sun ênggoni | malah nora kêna pajêg panggaotan ||

32. sirna gêrdhu rundha nora dèn paèlu | sarèhning wong buyan | dèn timbang lamun niwasi | tur sinarah sabarang sakarsaningwang ||

33. dhasar yèn wus patitis kang ingsun muwus | akèh pra juragan |

--- 37 ---

para bakul jalu èstri | angupadi jaluk sarat panglarisan ||

34. padha jaluk pandongaku sugih untung | sun manthuk kewala | clêmak-clêmik lir Ki Langkir | lah ing kono ênggonku nêmu kamulyan ||

35. môngka tyasku brêgas waras nora gêmblung | amung reka-reka | pasthi bisa simpên dhuwit | sun nyèlèngi sadina luwih srupiyah ||

36. kabêgjanku ngungkuli saka panèwu | pratandhane nyata | sun bisa nyèlèngi dhuwit | yèn priyayi arang bisa simpên arta ||

37. tôndha untung bagya tan kêna ginayuh | pêpasthèning kodrat | ingkang tan kêna tinampik | ala ayu saka sêsanggan kawula ||

38. wus pinemut ning tulisan lokil makpul | sadurung tumitah | kodrat wus tinulis dhisik | marma kabèh kahanan sumarah ring Hyang ||

39. nora amung sathithik sun rada emut | ing jaman samangkya | wong edan kang gawe [ga...]

--- 38 ---

[...we] watir | turut dalan unine anggêr Nèdêrlan ||

40. kinèn mikut kinunjara supayemut | lamun maksih edan | dèn kirimkên mring Batawi | kana ana wisma aran rumah gila ||

41. nèk tan rawuh gya ingusadanan gupuh | sinung klambi motha | aklawat wêsi nèng buri | tangan ora bisa polah anjêpapang ||

42. ing sadalu sadina tan antuk turu | klambi dadi tômba | datan bisa molak-malik | padha nangis pating jlêrit swaranira ||

43. yèn kang kojur malah tambah saya kuwur | têmah dadi buyan | yèn mêngkono ora apik | kayaparan gonku ngupa panguripan ||

5. Dudukwuluh

1. dhuh awakku kapriye gon ingsun luru | kamulyan dadi wong sugih | ingkang sarwa-sarwi cukup | jaran wêdhus kêbo sapi | omah gêdhe magrong-magrong ||

2. gêdhogaku nèng wetan jarane Kêdhu | wetan manèh lumbung pari |

--- 39 ---

klabang nyandêr pêcak satus | panèn pira-pira pari | saloring gêdhogan pawon ||

3. kulon dhapa langgar sirap ambèn dhuwur | de pandhapa omah buri | pawon gêdhogan myang lumbung | kabèh gêndhèng usuk jati | garwèngsun yu-ayu loro ||

4. nanging tangèh yèn antuk mangkono iku | nora luwih kaya mami | mung ngèngèr lawan bêburuh | bagya olèh patang kêthip | satali nèk jaman mêngko ||

5. môngka aku ora bisa angkat junjung | nora wurung dèn srêngêni | sun yun ngangkat karya alus | durung tau anglakoni | tukang kayu tukang cethok ||

6. sarèhning wus tita diwasa ing rêmbug | salah siji nora dadi | mung takpikir-pikir wurung | têmahane wêtêng ngêlih | lah kapriye polah ingong ||

7. rèhning sun wus nora melik poyang-payung | êmoh dadi sotra-santrisontra-santri. | jaman saiki [sa...]

--- 40 ---

[...iki] tan cukup | wong sugih ngarah priyayi | nadyan dadi enggal poprok ||

8. têmah mlarat pamêtune nora sumbut | dhuwit pira-pira ênting | kinarya wragading dlanggung | nadyan nora nganggo dhuwit | nanging dalan ting sêmporot ||

9. yèn sun santri kudu bisa ngaji putus | sudagar pawita dhuwit | tani kêbo sapi ngingu | tuku sawah duwe pari | tona-tani bakul sun moh ||

10. wus sun puntu judhêg lakone awakku | apa-apa nora dadi | mêngkene-mêngkene wurung | ngupaya sênênging ati | apa pantês sun nyênyolong ||

11. nora wurung maling malaning praja gung | kinuya-kuya pulisi | tôngga karuh padha nyatru | pra sudagar tani sêngit | wah dadya bêburon laron ||

12. ngalor ngidul ngetan ngulon tanpa dunung | wong kandhêg kampiran nampik | lah kapriye bae ingsun | kêjaba mung kari [ka...]

--- 41 ---

[...ri] siji | kang ngungkuli samining wong ||

13. yèn tan bagya mati lamun urip untung | sayogya sun taki-taki | ngasrama guwa kang samun | ing êndi ênggon prayogi | gunung-gunung jurang kang jro ||

14. kudu ngupa panggonan janma kang tan wruh | têtajin dhahar lan guling | nêgês karsaning Hyang Agung | mangêningkên cipta wêning | mêminta sihing Hyang Manon ||

15. jaring santri wong têmên-têmên tinêmu | walahu ngalimun gaip | pangran ngawruhingngawruhi. ing lêmbut | waskitha krêntêging ati | munajad lairing pandom ||

16. wusnya putus bundêr pratignyaning Cêkruk | wisma tinilar lumaris | manjing wana kang asingup | singid-singidan ngupadi | kang datan kawruhan ing wong ||

17. wataradoh alas gunung kang katuju | manggya wrêksa gung sawiji | tri wulan araning kayu | manggon ing pêpèrèng sungil | mandera bêrdapa ayom ||

18. samana Sang Cêkruk pratistha sor kayu | madhêp ring pracima maksi | tikswèng grana tyas manungku |

--- 42 ---

muji-muji lair batin | drasa swanida narocos ||

19. nutup pôncadriya bêg wiku linuhung | wahywèng swasana ingudi | adi-adining tumuwuh | wahanane dèn upadi | wahyu wiryawan kang katon ||

20. mung manyipta ngungkuli samèng tumuwuh | luluh lukitaning budi | sumungkêm ring datolahu | luhung brastha wor lan budi | yèn tan antuk sêdyèng batos ||

21. kawarnaa kang kahyangan jroning kayu | tri wulan narendraning jin | têdhak jin kalaning dangu | jêjuluk Prabu Rawangin | ing Sunyaruri kadhaton ||

22. sayêktine sajêrèningsajêroning. kayu iku | aran nagri Sunyaruri | marma jin maèwu-èwu | malêksa makêthi-kêthi | dènira mèstu rêraton ||

23. jênêngakên patih jaksa myang pangulu | bupati panèwu mantri | sapanêkare supênuh | tata seba Sênèn Kêmis | nora beda caraning wong ||

24. duk samana Cêkruk Truna dènnya nungku |

--- 43 ---

watara antuk sawarsi | tanpa boga tanpa nginum | malah-malah nora guling | sadarpa adrênging batos ||

25. waktu iku Cêkruk mahya awaawat. dudu | midrawa sakratoning jin | lêbdaning alat tumêmpuh | mring para jin gêdhe cilik | tuwa anèm lanang wadon ||

26. samya nandhang roga panastis lan ngêlu | kèhing jin samya anangis | dènnya kataman pangridhu | wêwalat janma linuwih | tarak subrata kang moncol ||

27. angungkuli janma samaning tumuwuh | rèhning jaman iku maksih | wong tapa pinaring wahyu | marma pra jin nandhang gêring | ujwalaning praja aclom ||

28. têtuwuhan kewan-kewan pra jin payus | mêsum nayananing warni | lamun manusa bêgêblug | rèh jin datan kêna mati | dadya mung gêring kemawon ||

29. tambuh-tambuh solahe para wadyagung | kang sawênèh ana ngungsi | mring lyan praja ting bilulung | tuwa anom [ano...]

--- 44 ---

[...m] jalu èstri | mung sang prabu kang tan kenggoh ||

30. saking putêking tyas prabu jin tumurun | saking kadhaton umèksi | sajuga manusa nungku | sêmadi maladi êning | sang prabu kagyat ing batos ||

31. angandika jro wardaya baya iku | kang karya roganing puri | wadya jin katêmpuh dudu | [...] |Kurang satu baris: 8i, jalaran anandhang gêring. sun duga kênèng walat wong ||

6. SinomTeks asli: Sinèm.

1. Prabu Warangin mangagnya | dèn iring pawongan cèthi | ciptèng tyas nêdya têtanya | wusnya clak pasrangkara ris | hèh sujanma kang lagi | manungku puja nênuwun | pratisthèng sor mandira | teja sulaksana pamrih | nila krama sintên rum-ruming sarjana ||

2. ing pundi pinangkanira | mati raga yun punapi | lah anggèr age luwara | sampun karya rudahing jin | wadyamba gung prihatin | wit kataman lara dudu | dêdukaning Pangeran | sun tan wrin darunèng sakit | lah wêlasa sintên tigas ing kawuryan ||

--- 45 ---

3. kagyat ing wardaya nulya | Cêkruk Truna tata linggih | ngaksi swara kang sung sabda | hèh sang sakti kula yêkti | tan pinangkèng wuri |Kurang satu suku kata: datan pinangkèng wuri. anèng ngriki tanpa kayun | dene panêngran amba | Cêkruk Truna hyang mastani | mung sumarah minta kawlasaning Suksma ||

4. punapa kang pinaringna | abdi darma darmèng budi | punggung mudha tan sasêdya | sintên kang badhe pêparing | ring kalêwihan mami | ing salamyamba tumuwuh | munggèng ing marcapada | dèrèng pisan-pisan manggih | kasênêngan tansah dama salaminya ||

5. urip sakêthi sangsara | papa nistha kang pinanggih | tyas loba angkara murka | awit gêng kataman miskin | tanpa bababapa. myang bibi | bale wisma panggya suwung | dhinêndha nora dhôngka | marma lalu mamrih pati | mula muga cinupêta marga ina ||

6. kainan tumuwuh gêsang | kasangsang gêng sungkawa srik | panas prih saking malarat | rinacut ngamal rijêki | tan pisan manggih

--- 46 ---

bukti | labête amba wong punggung | kagunggung janma papa | marma nekat mamrih pati | yèn tan antuk kabagyan gêsang kawula ||

7. ngong pasrahkên Hyang kang murba | masesa ing bumi langit | sakit apa tan suminggah | dadya glêpung sun lakoni | dunya ngakerat tampi | sêsiku amba sumaguh | nilik daliling Kur'an | wa mantala basa ein | wajidahu wawajida pardikannya ||

8. yèn wong têmên tinêmênan | sapa goroh dèn cidrani | milamba manungku puja | puji dikir siyang ratri | mêminta ing sakapti- | nira Hyang ingkang dhumawuh | kalamun dèrèng angsal | lalu luluh jiwèng kapti | mangke pêjah ing benjang tan wande laya ||

9. sami-sami wajib pêjah | margi ya saking prihatin | tapa nèng madyaning wana | nêgês karsaning Hyang Luwih | kudu-kudu tan manggih | puluh-puluh wus sapuluh | bêgjaning raga amba | rèh pêpasthèn tan kaèksi | mila wajib manungsa sami

--- 47 ---

ihtiar ||

10. sang prabu sumambung sabda | hèh sang sarjana prayogi | luwara saking cintaka | ywa dêdawa ing prihatin | sumingkira sing ngriki | hèh Cêkruk wêruhanamu | kayu pratapanira | kadhaton ingsun linuwih | pèni-pèni guru-bakal guru-dadya ||

11. jumantên rêtna pêkaja | akik jabarjat widuri | manik manilêm lan mirah | jumêrut nila widuri | tur masih anyar dadi | mangke wadyèngsun katêmpuh | lara gring pating glasar | wit saking sira martapi | lah racutên apa ingkang sira pinta ||

12. kalamun kita anyarah | sakarsèngong sun paringi | isarat margane bagya | saktine kêluwih-luwih | sajroning bumi langit | para siswa tan pikantuk | liyane jin prayangan | ratune ingkang darbèni | iya iki rupane lah tampanana ||

13. sarat rong warna punika | slomprèt siji kanthong saji |

--- 48 ---

kuwasane sowang-sowang | de slomprèt kalamun muni | wadya jin catur prapti | miturut barang pituduh | apa sapakonira | sakêdhap kewala prapti | nadyan jabaning sunya sakêdhap prapta ||

14. kinèn jupuk barang apa | pèni-pèni sêsotyadi | mas salaka neka-neka | sapira bobote gêlis | dene kanthong puniki | saktine kalangkung-langkung | bangkit mundhakkên arta | yèn sira darbe sakêthip | lamun dèn dol ping slawe bali kewala ||

15. kalamun duwe sasêmat | slawe sêmat bola-bali | ing salaminira gêsang | wus mangkono iku pasthi | karsanira Hyang Widhi | dayaning sarat puniku | yèn kadarbe manungsa | saiba mulyaning jisim | wus têrtamtu sajagad tan ana padha ||

16. tumulya Sang Cêkruk Truna | andhêku nguswa suku jin | rumasantuk kanugrahan | dènnya tapantuk sawarsi | narima marmèng [mar...]

--- 49 ---

[...mèng] budi | dinulur krêdyating Cêkruk | dupi wrin warna sarat | kêdhap kumilat mathathit | murub muncar kadya basônta katiga ||

17. ri wusira tinampanan | Sang Rawangin tan kaèksi | manjing dhatulayanira | Sang Cêkruk trangginas tangi | rumasantuk gêng margi | marga lantaraning untung | de darbe kasantikan | saking Hyang Kang Murbèng Bumi | lêlantaran ratuning jin ing Triwulan ||

18. gya rinucat sutapanya | lumungsur sing mandera glis | nêdya mantuk mring wismanya | mugut-mugut lir wong ngimpi | nging yun kasêsa uning | kayêktèning sarat wau | adrênging tyas amêksa | derarsa nyoba kasêktin- | nira sarat salomprèt lan kanthongira ||

19. samana pinggiring têgal | wontên wisma gubug alit | tilase wong tani gaga | pinagêran kanan kering | mubêng rinambatan wi | gêmbili pare kêtimun | ananging wus lêbaran | nora tau dèn tiliki |

--- 50 ---

Cêkruk Truna umanjing mring gubug sigra ||

20. munggèng bale malang kadhak | tyasira mikir kasêktin | nêksèni kasantikannya | dupyarsa cinoba nuli | munajat ing Hyang Widhi | jinurunga ing sakasdu | kang nêdyarsa cinoba | tamaning slomprèt tumuli | sru mathênthêng Cêkruk niyup slomprètira ||

21. prèt prèt prèt prèt slomprèt munya | lir pratôndhaning kaplêri | tantara tumulya prapta | jin catur manguswèng siti | noraga minta wangsit | manuhara wuwusipun | dhuh gustyamba punapa | nimbali patik samangkin | abdi sampun sumaos sumanggèng karsa ||

22. Cêkruk Truna kagyat jola | dupyana êjinku prapti | anjog saking dirgantara | gêtun mangungun ing galih | catur jin sami inggil | busana lus lir dèn atur | tata trapsilanira | mangatas nuwun tinuding | ing rèh barang mangarah-arah punapa ||

23. i i dene nora cidra |

--- 51 ---

apa sawangsite nguni | cèplês tan slisir sarema | Cêkruk pasrangkara aris | hèh sira catur êjin | sumarma padha sun uwuh | lah age lumakua | sun kongkon sadina iki | têkakêna putri-putraning narendra ||

24. ing Sêtambul maharaja | kang kasusra môncanagri | darbe putri yu utama | tur durung pinalakrami | êjin trangginas nuli | kumêplas wus tan kadulu | samana wancinira | siyang jam satêngah kalih | sang kusuma nèng madyèng tilam anendra ||

25. catur jin tumamèng pura | tan ana janma udani | gya umanjing dhatulaya | wangwang ing tyas mangagnya ring | sareannya sang putri | nèng kanthil manguntur murub | kancana mawa rêtna | dyah nendra lagya kêpati | patrapira guling prayogi tinelat ||

7. MaskumambangTeks asli: Maskêmambang.

1. dènnya sare sang rêtna naga kapuntir | asta kering ngrêksa |

--- 52 ---

bludaging prêmbayun kalih | kanan sumèlèh plarapan ||

2. gya tumanduk jin catur waskithèng wèsthi | niring sulap samar | iku putri kang kinapti | binakta mring tanah Jawa ||

3. wus dèn angkat sakanthil amparan rukmi | ginawa sadaya | bêdhol songsong nora kèri | saisining jinêm sêkar ||

4. sang dyah datan karasa maksih kêpati | jin mangayuh wiyat | dirgantara wus tan kèksi | sakêdhap sampun tumrapta ||

5. nahên gantya ing Ngêrum sri narapati | wus ngaturan wikan | nararyèstri kênèng dhusthi | gègèr sapraja ruara ||

6. wayang-wuyung solahing wadya sanagri | ngupadi sang rêtna | kang murca binaktèng sandi | sandiguna wirotama ||

7. tama tamèng dursilèng rèh bêdhol kanthil | cinêndhak gègèrnya | ucapên Sang Cêkruk lagi | pitêkur jlêg jin tumrapta ||

8. bêkta kanthil kancana kang isi putri | tur maksih anendra | gya manjing gubug wisma lit |

--- 53 ---

jin catur nguswèng bantala ||

9. turnya lon dhuh gusti sumanggèng karsadi | patik lumaksana | mring Rum munah putrèng aji | punika anggèr katura ||

10. jin lumèngsèr sakêdhap wus tan kaèksi | Cêkruk Truna nulya | marpêki kanthil myak samir | dupi wruh kang lagya nendra ||

11. sru gêgêtun tri pandurat tan bisa ngling | sumlêngêrên mulat | kang pindha pêputran gadhing | cahya mawênês sumirat ||

12. rêbut praba gêbyur ring malige rukmi | kusuma kang nendra | tumeja kuwung nêlahi | wangkawa sumundhul wiyat ||

13. gandanya mrik ngambar-ambar amimbuhi | cinêndhak kewala | kurang pujangga kang nganggit | luwih warnaning juwita ||

14. sira Cêkruk Truna merang maras ing sir | sajêgnya tumitah | durung wruh kang kadya iki | katongton lir wong supêna ||

15. darbe cipta ngrasa anggane pribadi | tan lumrah sasama | busana gombal ting srêndhil | mambu parah lênga kacang ||

16. rai mangkak kulit [ku...]

--- 54 ---

[...lit] dhangkal gônda lêdhis | nyamlêng asu kobar | saking datadatan. mambu warih | dhasar ala mêntas tapa ||

17. kuku dawa rambut gèmbèl idêp plinthis | utuuntu. kuning pêthak | lambe kandêl biru ngintip | marma sangêt analôngsa ||

18. adoh êlor kidul wetan tôngga dèsi | mila tan sumêlang | gya lunggyèng kanthil jajari | sampeyanira sang rêtna ||

19. Cêkruk pasrangkara ngarah-arah lirih | ruruh rêringannya | dhuh gusti sang kusumadi | adi-adining wanodya ||

20. rum bintarum kêmbang angsokarjanadi | sêsambunging nyawa | mawantah absarèng swargi | guprênuring tilam sêkar ||

21. baya mirah intên barleyaning bumi | ratih ngejawantah | musthikaning kasur guling | kang karya obahing jagad ||

22. yèn sêkara sêkar dewadaru swargi | wit taru rikmaya | woh jumêrut maskuari | Cêkruk anggagap sampeyan ||

23. sang kusuma sru kagyat anulya [a...]

--- 55 ---

[...nulya] nglilir | wrin priya jumajar | jlog tumêdhak saking kanthil | wruh nèng samadyaning wana ||

24. tênggêng-kamitênggêngên wikan griyalit | gubug nora pakra | osiking galih sang putri | kaya priye purwaningwang ||

25. dene anèng ngriki tan rumasa ngalih | jaman ngêndi baya | apa supêna sun iki | nir mayèng kisma drês waspa ||

26. nulya Cêkruk Truna ge-age mrêpêki | ring sang pindha wulan | têmbungnya dhuh sang garini | nadyan kawula wong pidak ||

27. dama papa paduka putrèng narpati | wus ciniri mula- | bukane ing nguni-uni | lohkil makpulira dadya ||

28. jodho praptèng alam akadiyat maksih | wangwung tanpa kôntha | kusumadi wus pinasthi | daliling Ku'ran wêwarta ||

29. ida jaa ajaluhum dèn jarwani | tatkala tumrapta | pêpasthèn tan owah gingsir | la yak takiru saatan ||

30. nora kêna adarbe karsa samênit | wit sampun cinithak |

--- 56 ---

loh makpul kodratolahi | kadipundi dènnya selak ||

31. botên sagêd kawula mungkiri pasthi | wit datan katingal | pratelane yèn wus kèksi | ilange saka panrima ||

32. sadasanggèr padukèstu jodho mami | ing dunya akerat | wontên pratandhane yêkti | têbih ing Ngrum praptèng Jawa ||

33. lamun datan pinarêng dening Hyang Widhi | nadyan numpak palwa | baita latu lan mail | tamtu rong wulan tumrapta ||

34. rèh wus jangji sakêdhèp kewala prapti | punika cihnanya | jêjodhon ing dunya ngakir | sumangganggèr langêlangên. cipta ||

35. tan prayoga badal karsanirèng laki | yèn wong jojoan |Kurang satu suku kata: yèn wong jêjodhoan. pangraning wanodya naming | kang lanang wajib lan wênang ||

36. marmanira wong lanang ingaran rabi | rabi têmbung Arab | pangerane wong pawèstri | puniki suwarnanira ||

37. têmbung daya wacaka pangran jarwane | nênggih pangengeran- | ning pawèstri [pa...]

--- 57 ---

[...wèstri] sahir kabir | lah anggèr dipun galiha ||

38. kula tuntun anèng sirotal mustakim | puniku têmbung Sam | sirotal wod têgêsnèki | mustakim jêmbar tur padhang ||

39. mila priya ran wod sirotal mustakim | bênêr luput ingkang | munah dêdalaning èstri | swarga nrananraka. atut wuntat ||

40. langkung awrat priya mêngku ring pawèstri | tan kenging gumampang | priya têgêse priyogi | yogi nurunakên yoga ||

8. Mijil

1. kapitèng tyas waspanya drês mijil | kusumaning sinom | lir tinuras tiniris tètèse | sênggruk-sênggruk udrasa luh mili | gut-gutên ing galih | tan lilih manglalu ||

2. butêng pêtêng bingung ngungun sêdhih | mangkana sang sinom | lir pinêcat yitmaka kalbune | lêhêng pêjaha kewala mami | dupi trang pangaksi | wana wisma gubug ||

3. angandika arum sang sudèwi | mring kang ambèg bodho | dhuh kakang wong bagus kula

--- 58 ---

mangke | lamun dika arsa mardyèng rêsmi | kula datan arsi | sun palaur lampus ||

4. rèhning dèrèng pisan laku juti | wirang tyas tumonton | jagad bumi langit saisine | nadyan tan ana janma udani | Alah luwih gaib | kang samar-samar ruh ||

5. Maha Suci ngudanèni batin | wong kang laku awon | jroning badan manungsa yêktine | ana kalam nênulis pribadi | barang tingkah bêcik | lan ala tinutul ||

6. dadi saksi kalamolah benjing | praptèng dintên layon | botên sagêd selak ing sapangrèh | mila sakêthi jrih kula juti | dintên mukswèng pati | titi tanpa petung ||

7. pintên lamine tumitah urip | culika mring Manon | lah èngêta kakang wirayate | pra pandhita Ngrum Jawa tan slisir | saliring agami | wong jina tan patut ||

8. Jawa Arab Cina Lônda Bali | tan beda ing pakon | sakurêbing langit bumi [bu...]

--- 59 ---

[...mi] kabèh | yèn prakawis satunggal puniki | pinasthi tan bêcik | ginantungan kukum ||

9. kukum dunya tumêkaning akir | Alah mring para wong | ingkang ngiwa juti laku bandrèk | tamtu gêtun sawuse nglakoni | yèn janma utami | gêtun lamun durung ||

10. kuthuh naruthuh têmahan cêdhil | pinastyantun awon | lêlêthêking bumi gung rêjasèng | gêlah-gêlah ing jagad sayêkti | èngêta kang bêcik | ywa tindak kang dudu ||

11. saya grêgut Cêkruk Truna myarsi | sorahnya sang sinom | pasrangkara Cêkruk sêmu sarèh | dhuh sang rêtna peling ta mring mami | srèbu trima kasih | saya sudah tahu ||

12. busuk jahat saya ini cêrdhik | bukan orang bodho | jikalu angkao tradhak sampe | mau nanti dhapêt nyang trak baik | bole ati-ati | jugak sakit lalu ||

13. kula punika antero bumi | datan wontên loro | bisa manjing ajur miwah ajèr | wignya mabur tanpa [ta...]

--- 60 ---

[...npa] lar malêtik | tanpa suthang bangkit | wicaksanèng kewuh ||

14. boya ewuh mlaya jajah bumi | tur datan rêkaos | putusing pambudi sakalire | nadyan sumêdya kôndur sang dèwi | ping pitu saari | mring nagari Ngêrum ||

15. kula pundhut sakêdhap tumrapti | gubug ngriki anjog | mila manuta kewala anggèr | bêcik mundhuta kula sanggupi | rêtna adi-adi | barang elok rawuh ||

16. pèni-pèni guru bakal dadi | mas sêsotya abyor | kula sagêd anggèr dhatêngake | rêrupan ing sabrang luwih-luwih | milamba nyanggupi | darbe sarat punjul ||

17. amunjuli sêsamèng dumadi | nadyan para katong | ngong pasthèkkên gusti datan darbe | mila Cêkruk kang wicaksanadi | baut munah èstri | mila sang rêtnayu ||

18. mundhut punapa sayêkti dugi | ywa sumêlang batos | dupèh wisma gubug ting kêthakrèk |

--- 61 ---

ananging lamun si Cêkruk uwis | amingkis kulambi | musthi saratipun ||

19. sang dyah ayu osiking tyas mamrih | ngarah-arah alon | munah Cêkruk sinongga kramane | adhuh kakang kula yun wruh warni | sarating linuwih | punapa ranipun ||

20. dene arda angungkul-ungkuli | marang para katong | kangjêng rama ratu luwih gêdhe | botên darbe lir kang wus jinarwi | dhuh kakang kulapti | wruh ing warnanipun ||

21. sigra Cêkruk mangèstu ingambil | sarat warna loro | sinung paga ing gubug parnahe | sarwi ngucap lah punika gusti | sarat ingkang warni | saktine kêlangkung ||

22. slomprèt punika kalamun muni | jin catur sumaos | ing saprentah kawula barang rèh | mundhut punapa kang têbih-têbih | sakêdhap tumrapti | sadintên ping pitu ||

23. dene sarat kula kang satunggil | ingkang warni kanthong | kasaktène bangkit ngundhakake | arta winadhahan dèn dol bali |

--- 62 ---

sadintên slawe ping | sadarpa kèhipun ||

24. sang kusuma kagyat duk mangèksi | warnèng sarat loro | sru gêgêtun prabawaning slomprèt | kêdhap ngumilat amawa thathit | salami sang dèwi | nèng jro kadhaton Rum ||

25. dèrèng nate wikan lir puniki | saya dyah lumongsor | nganoraga mèt Cêkruk trêsnane | bawaning trah kusuma linuwih | lamun darbe karsi | sinamar asamun ||

9. Asmaradana

1. dupyarsa pinardyèng rêsmi | sang rêtna sangêt lênggana | mangkana pangandikane | dhuh kakang datan prayoga | sarêsmi lan wanita | nurut ijajil kasusu | yèn nrahkên dadi wong ala ||

2. sae alon dèn aririh | ngarah-arah lir brêmara | adate priyayi gêdhe | tur punika wanci siyang | bok inggih dipun sabar | kula mapan wus kawêngku | benjang punapa sumarah ||

3. wus jamake wong pawèstri | pinardi ing langên cipta |

--- 63 ---

patraping wong ajêjodhon | manyarah tumrah ing wuntat | wit wiwitan asmara | priyèstri samya sih lulut | yakti kula datan singlar ||

4. samana sang dyah amipit | gulèt gulung pangkonira | Ki Cêkruk Truna ciptane | laringing sang dyah wus trêsna | gya jumantên ing tilam | angandika marang Cêkruk | dhuh kakang maklum andika ||

5. kawula yun minum warih | sangêt ngêlih ngêlak kula | Cêkruk Truna age-age | mèt bumbung nulya wisata | tyasnya datan sujana | salomprèt nèng madyèng kasur | tinilar angupa toya ||

6. mung kanthongira tan kari | awit kinandhut anèng sak | sêtagèn kang jêro dhewe | dupi Ki Cêkruk wus kirdha | nguntara ngupa tirta | sang dyah ngasta slomprèt gupuh | tiniyup munya mangraras ||

7. tantara jin catur prapti | manguswèng bantala ngêrpa | turnya jin punapa anggèr | nimbali abdinta paran | karsanta kalampahan |

--- 64 ---

sang rêtna ngandika arum | mulane sun undang sira ||

8. sun arsa kondur mring nagri | Ngêrum aja kêlayatan | têkakna sadina kiye | nulya jin catur tumandang | pojok malige papat | dèn angkat lumarab mamprung | ing ôntariksaantariksa. glis prapta ||

9. jumujug sajroning puri | dhatulayaning narendra | kanthil pinarnah ênggone | tatkalanira binakta | slomprèt katut nèng tilam | tan ana janma kang wêruh | jlêg wus nèng prabasuyasa ||

10. jin catur plas wus tan kèksi | kocapa dalêming pura | pra laksma pawongan gègèr | lamun sêkaring kadhatyan | wus kondur satêpasnya | kanthil mas bale manguntur | wus konjuk sri naranata ||

11. sri pamasa têdhak aglis | nararyètsri gya tinanya | dyah pêgat-pêgat ature | gêmêt galur têrus têrang | purwa madya wusana | lan ngaturakên sang ayu | sarat salomprèt kang tama ||

12. prabanya ngumilat [ngumi...]

--- 65 ---

[...lat] thathit | tuwin ing kasaktènira | nata mangungun têmahe | sadarpa sukuring driya | sang dyah panujunira | manggih raharja satuhu | gantya ingkang kawuwusa ||

13. Cêkruk kang angambil warih | anèng bumbung sinumpêlan | ing ron sêmbung age-age | sêdya dèn aturkên marang | sang rêtna kang tinilar | dupi manjing gubug suwung | dyah lan kanthil wus tan ana ||

14. slomprèt katut madyèng guling | Cêkruk sru niba kantaka | yayah sinipi grundêle | dene ta nora kayaa | gawe susahing nala | kapriye goningsun nusul | ing ngêndi parnahing praja ||

15. lêt sagara tanpa têpi | dadi apa raganingwang | de darbe sarat pitados | têmah kasripahan ilang | jêr sundêle kang gawa | darbèking wong tanpa têmbung | trang gladhagêr asu ala ||

16. wong ora dhêmên bok uwis | aja anggêgawa barang | kang tan karuwan rêgane | tinuku rong atus yuta |

--- 66 ---

ingsun nora supêna | Cêkruk tyasnya pêtêng putung | wagugên sêmang ing driya ||

17. yaiku rupaning janmi | kang tan tinimbang ing nalar | gumampang gamplêng têmahe | ujub riya tan pinetang | wong pidak pêdarakan | putri ayu putrèng ratu | nêdyarsa ingambil garwa ||

18. cebol manggayuh ing langit | lumpuh paksa midêr jagad | cêcak cilik anguntal lo | nuruti budi surakah | kinakahan drukbiksadrubiksa. | nora pinikir duk durung | gampilkên budi kêsasar ||

19. wus kêsêbut anèng dalil | al imanu layun kasam | lah iku lapal murade | imaning manusa datan | namiranarima. ing panduman | arta darbe satus èwu | rina wêngi maksih kurang ||

20. Ki Cêkruk Truna puniki | anggitên dadya lêpiya | karaya-raya pikire | tan tinimbang jisimira | darbe slomprèt utama | nanging tan bangkit angrasuk | wit tan [ta...]

--- 67 ---

[...n] pinikir dadinya ||

21. marma janma kang utami | barang polah tingkahira | wus pinikir sadurunge | aja ngawag ruwag-ruwag | daya-daya klakona | pupur sadurunge bênjut | yaiku aran sarjana ||

22. panjang yèn ginitèng kawi | tumulya Sang Cêkruk Truna | darbèngêt yun nyatakake | saktine kanthong utama | bangkit ngundhakkên arta | mangkana graitèng kalbu | ngêndi sun golèk pawitan ||

23. supaya miwiti dadi | liyane ngêmis tan ana | nadyan isin ngalang gawe | mubêng nurut pasar-pasar | ge-age linaksanan | marang pasar anjêjaluk | sumakta busananira ||

24. nyangking têkên dawa cilik | nyampirakên cangklong gombal | tangan kiwa gawa bathok | andhodhok mamêlas arsa | sing amulat sih wêlas | sadina bathêthêt antuk | arta pêcah tigang uwang ||

--- 68 ---

25. nulya linirokkên kêthip | antuk loro luwih arta | nêm dhuwit kinarya lèrèn | jajan sarapan kewala | wusnya nadhah Sang Truna | kêthip ro cinêmplungkên wus | ing jro kanthong sarat tama ||

26. sawusnya kêthip umanjing | marang kanthong gya sinuntak | dèn dol kêthip bali manèh | mring jro kanthong Cêkruk mulat | langkung gêgêtunira | dene cocog lan kang angsung | tan slisir sawirayatnya ||

27. dèn dol kaping slawe bali | kêthip dwi dadi rong sêmat | rong sêmat kaping salawe | cacah arta sèkêt reyal | sèkêt reyal tinukar | ping salawe dadi sèwu | kalih atus sèkêt reyal ||

28. sabên dina tukar dhuwit | ing lami-lamining dina | Ki Cêkruk amale sèmèl | dadi pirang-pirang yuta | malah mawêndra-wêndra | riningkês ring nyêmêk sagung | saking kabuling isarat ||

10. Kinanthi

1. sabarang

--- 69 ---

karsane tutug | tinukokkên pèni-pèni | mas sêsotya neka-neka | Cêkruk sru girang ing ati | sarwa-sarwi katurutan | tan kurang satu punapi ||

2. wong sugih bôndha arta gung | tanpa gunggung kèhing dhuwit | suci sampurna tyas padhang | rêsik rêsêping panggalih | lungit pasanging graita | wus mangkono yèn wong sugih ||

3. cahya bêngangang ngênguwung | balung otot gêtih daging | rêncang kalis ing lêlara | kèhing wong samya wêdyasih | nganoraga kumawula | kajèn kèringan sêsami ||

4. mila kèh wong kênèng dudu | awit gêng karoban melik | melik melok arta kathah | dadi lantaraning eblis | Lônda Jawa nora beda | yèn dhuwit sring narik silib ||

5. pira lêpiya kanang wus | gêdhe cilik nandhang blai | saking kabedhung ing bôndha | cingkrang marga kurang

--- 70 ---

dhuwit | tur asale kuna-kuna | saking Eropah nagari ||

6. dene ta wit kawitipun | saka wong Cina Ngêjawi | tanah Jawa Majalêngka | tatkala têkaning dhuwit | warni gobog asal Cina | klaku ing salami-lami ||

7. nulya kraton ing Matarum | gobog ilang salin dhuwit | pisungsung saking Walônda | kênane nagri Batawi | saiki binage wrata | sabên wong urip darbèni ||

8. de jaman Buda rumuhun | wong desa tuwin nagari | dol tinuku nora ana | mung liniron seje warni | durèn kêpengin sêmongka | urup-urupan wus dadi ||

9. mangke Sang Cêkruk darbyagung | ngamal pirang-pirang kêthi | wus yasa wisma sarwendah | bale gêdhong rinênggasri | binotrawi pagêr bata | neka-neka amêpêki ||

10. tan ana kuciwèng wangun | ngungun sagung kang umèksi | kondhang kidung môncapraja | wismane Ki

--- 71 ---

Cêkruk luwih | iku kaskayaning bôndha | sabarang apa dumugi ||

11. sinigêg kamuktènipun | Cêkruk Truna maksih eling | dènira darbe pusaka | ingkang binakta sang putri | arda gung pangancam-ancam | pangugut-uguting galih ||

12. tan lilih ngalela ketung | ciptaning tyas Cêkruk dupi | wus sugih saliring barang | arta tuwin raja-pèni | guru-bakal guru-dadya | mung cuwèng tyas awit saking ||

13. salomprèt datan kagadhuh | nyukulkên sandeyèng galih | malah kongsi katuwawa | kèksi sajêroning guling | samana Ki Cêkruk Truna | darbyèngêt sumêdya mamrih ||

14. mangkana osiking kalbu | sun iki wus luwih sugih | nging tan duwe kadigdayan | nora kajèn anèng bumi | de yèn slomprèt wus sun asta | pasthi kèringan sêsami ||

15. dene wong tumitah idhup | mung kèringan dèn upadi | yèn mangkono kang prayoga |

--- 72 ---

bêcik sun tuku palwapi | layar mring Ngrum tamtu rikat | sarèhning aku wis sugih ||

16. tan mamrih putri ing Ngêrum | nêdya nyuwun darbèk mami | pusaka slomprèt tamarja | iku wajib sun pribadi | yèn tan parêng tamtu ingwang | munjuk ing jêng sri bupati ||

17. sowan klah matur nênuwun | pusakaning sun ing nguni | watak ratu binathara | nganggo tata lawan adil | yèn wong nyilih ngulihêna | wong utang anyaur pasthi ||

18. lamun jukuk tanpa têmbung | kagantungan kukum ngadil | rèh iku putraning nata | ingkang jupuk darbèk mami | tamtu rinukun kewala | bali marang kang darbèni ||

19. wusnya mantêp tekadipun | Sang Cêkruk ciptaning galih | samubarang darbèkira | pèni-pèni raja-pèni | mas sêsotya nawa rêtna | sadaya dipun lelanging ||

20. wisma sapirantènipun | sadaya wus dèn dol sami | arta mas wus winadhahan | kopêr kawan dasa iji |

--- 73 ---

tramêl tigang dasa gangsal | isi wang kartas mênuhi ||

21. nulya mring Batawi tuku | kapal api kang prayogi | kang yun kinarya lêlayar | mring Ngrum sêdyanirèng kapti | rèhning wong kaya gya angsal | kapal api langkung adi ||

22. mawa wadya kèhnya satus | asangkêp kaprabon jurit | wusnya minggah ing baita | Sang Cêkruk gya andhawuhi | marang kapitaning kapal | layar mring Ngêrum nagari ||

23. kaptin aparentah gupuh | bukak sêtum nomêr siji | bêdhol jangkar nulya mancal | saking plabuhan Batawi | wus lêpas lampahing palwa | datan kandhêg rina wêngi ||

24. antuk tri dasari rawuh | muwara plabuhan nagri | ing Ngêrum gya labuh jangkar | Cêkruk Truna wus miranti | palwa sêkoci satunggal | ingkang arsa dèn tumpaki ||

25. mring dharatan sêdyanipun | sowan maring sang suputri | pribadi tan mawa rowang | dene sakèhing prajurit | Matrus kalawan Sêtirman | samyangsamya. têngga anèng tasik ||

--- 74 ---

11. Dhandhanggula

1. lampahira Cêkruk Truna saking | palabuhan mung badan sêpata | yayah wong sudra sêdyane | ywa kawistara lamun | badanira sujanma sugih | nèng marga tansah ngupa | wartane sang ayu | kang ing nguni icalira | tanpa krana saking sajêroning puri | lajêng kôndur priyôngga ||

2. uga tanpa karana sang putri | malah antuk pusaka utama | sajuga awarni slomprèt | kadibyanira punjul | gyantuk kabar bilih sang putri | ing mangke sampun krama | kala nêmbe kondur | dhaup antuk naking sanak | tur pinangkat dadya Pangeran Dipati | Anom Mêngkunagara ||

3. dalêm salèring pasar ananging | dèrèng pêputra praptaning mangkya | Ki Cêkruk Truna sawuse | antuk pawarta wau | laju lampahira gya prapti | gapurèng kadipatyan | samana sang ayu | sakalihan ingkang garwa | pangran adipati [adipa...]

--- 75 ---

[...ti] anom lênggah sami | wontèn ing dirgasana ||

4. sang kusuma duk mirsa tan pangling | maring warnane Ki Cêkruk Truna | mangkana ngunadikanengunandikane. | salêbêtirèng kalbu | Cêkruk Truna ing tanah Jawi | dene bisa tumêka | ing kene praja Rum | baya ta saka dayanya | pusakane kanthong ingkang gêgirisi | bangkit ngundhakkên arta ||

5. nulya matur mring raka sang pêkik | dhuh pangeran mugi koningana | pun Cêkruk tanah Jawane | punika warninipun | praptèng ngriki ambok manawi | nyuwun pusakanira | slomprèt kang linuhung | kula muhung nyuwun dhawah | prayoginya punapa dipun panggihi | punapa winangsulna ||

6. srana dayaning slomprèt supadi | ingantukkên dhatêng tanah Jawa | kang raka alon dêlinge | dhuh gusti mirah ingsun | prayogine dipun panggihi | sampun adamêl cuwa | mring tyase si Cêkruk | nanging yèn nyuwun pusaka- |

--- 76 ---

nira poma sampun dèn paringkên mangkin | saribitsarimbit. lajêng têdhak ||

7. saking panggung nulya lênggah mungging | ing pandhapa alon dhawuh marang | dasih kang sumiwi anèng | paningrat kinèn nuduh | mantri kalih mêdal ing jawi | nimbalana sujanma | nèng gapura lungguh | arane Ki Cêkruk Truna | tanah Jawa kadibyane tanpa tandhing | ananging mindha sudra ||

8. kang ingagnya nêmbah nulya nuding | mantri kalih sampun lumaksana | panggya lan Cêkruk Truna ge | caraka atanyarum | hèh kisanak dika puniki | punapa ingkang nama | Cêkruk Truna luhung | sujanma ing tanah Jawa | kang tinanya noraga mangsuli inggih | Cêkruk ing tanah Jawa ||

9. duta nulya awacana malih | jêngandika kyai ingandikan | gusti pangran dipatyanèm | sakalihan sang ayu | sami lênggah wontên pandhapi | samana Cêkruk Truna | kerit lampahipun | sumewa ing ngabyantara | minggah marang paningrat [paningra...]

--- 77 ---

[...t] dènira linggih | muka konjêm pratala ||

10. ngandikarum jêng pangran dipati | bageya Cêkruk satêkanira | ana ngarsaningsun kene | Cêkruk nêmbah umatur | sakalangkung nuhun kapundhi | dhawuh pangandikannya | gusti sang wira nung | saking pangèstu paduka | sakalihan inggih ginanjar basuki | nir sambikalèng marga ||

11. dene sowan kawula puniki | rayi dalêm mugi anglunturna | sih wilapa maringake | slomprèt pusaka ulun | ingkang môngka karya panjagi | kasangsaran kawula | wit saking pangèstu | paduka kawula mangkya | sampun sugih arta dêrbala nglangkungi | tiyang satanah Jawa ||

12. nanging raosing manah pun patik | tan sakeca siyang dalunira | ngèngêti paribasane | tiyang Jawi sawêgung | kang makatên ungêlirèki | bôndha sring gawa nyawa | dene têgêsipun | kasugihaning manungsa | bôngsa sudra sisip [sisi...]

--- 78 ---

[...p] sêmbiripun yêkti | angicalakên nyawa ||

13. kados ta yèn kenging ing piranti | pandamêlipun tiyang durhaka | kècu begal sêsamine | baepae. lan bôngsa luhur | siyang dalu tansah jinagi | prajurit punggawanya | nir sangsayanipun | sang rêtna sumambung sabda | hèh ta kakang Cêkruk Truna paran ta di | pusaka slomprèt tama ||

14. kadayane yêkti angiribi | kanthong kang bisa ngundhakkên arta | sakêthip bae tan suwe | dadi sapuluh èwu | suwene tan kongsi samênit | lah apa ing samangkya | kakang kanthong iku | misih ana dayanira | dene slomprèt kang ingsun gawa mariki | wus ilang kuwasanya ||

15. kang dinangu nêmbah matur aris | inggih taksih pangèstu paduka | punang kanthong kadibyane | praptamba nagari Rum | saking daya kanthong utami | mila tan kenging pisah | tansah amba kandhut | mila kawula

--- 79 ---

ing mangkya | sampun gadhah kapal api saha mantri | prajurit samriyêmnya ||

16. saking dayaning kanthong puniki | amangsuli panuwun kawula | gusti ingkang warni slomprèt | inggih sanadyan sampun | tanpa daya kados ing nguni | ewadene tyas amba | adrêng kêdah nyuwun | manawi tan kalêksanan | anuwuhkên ngongkang manah amba gusti | mugi kaparingêna ||

17. sèwu lêpat kawula nyuwun sih | pangaksama paduka bandara | dhuh gusti paringna age | ambarsa nuntên mantuk | dhatèng tanah Jawi sayêkti | dahat ingarsa-arsa | Sêtirman lan Mantrus | kang amba tilar nglautan | sang rêtnayu jumênêng kôndur mring puri | mundhut salomprètira ||

18. wusnya wangsul mring madya pandhapi | slomprèt sinêbul munya sakala | jlêg catur êjin praptane | sila nêmbah umatur | ngatas karsanira sang putri | gusti wontên punapa | nimbali pukulun | sang kusuma [ku...]

--- 80 ---

[...suma] angandika | marma sira catur padha sun timbali | samêne ingsun duta ||

19. ulihêna Cêkruk Truna iki | marang omahe ing tanah Jawa | sarta wudanana age | kèriya kathokipun | apa manèh omahe nuli | bubrahên ywa na ingkang | kèri dèn ta nglêbur | jin mapapat matur sandika |Lebih satu suku kata: jin papat matur sandika. tandya Cêkruk cinandhak winudan aglis | binakta angumbara ||

20. sakêdhap wus praptèng tanah Jawi | sinèlèhkên nèng nataring wisma | catur jin tumandang age | ngrusak wismaning Cêkruk | mung sadhela kewala gusis | rusak tanpa dadia | jin papat musna wus | Ki Truna kari anggana | lêngêr-lêngêr sôngga wang amêrbês mili | ngrasa dahat sangsara ||

21. malah ngungkuli ingkang wis-uwis | kêdhap-kêdhap wau Cêkruk Truna | kantaka dangu èngête | wusana nuli tuwuh | pamikirnya narimèng takdir | pangunandikanira | puluh-puluh ingsun | pribadi kang katumrapan | kara murka [mur...]

--- 81 ---

[...ka] tan eling dugi prayogi | sêpi panimbanging tyas ||

22. nêtêpi paribasaning janmi | canthing jali ragèngsun punika | kacidhukna sagarane | êlor utawa kidul | olèhira amung sathithik | ya Alah Rasulolah | nyuwun ngapurèngsun | ing wingking tan pisan-pisan | kamipurun anilar dugi prayogi | lir kang wus kalampahan ||

23. mila mangke kawula minta sih | pangapuraning Kang Maha Mulya | myang nugraha sapantêse | tan nêdya kumalungkung | langkah saking samining janmi | trimah mung sawatara | kanugrahan wau | sampun dhumawah ing papa | alit mila kongsi tumêkaning pati | tanpa tuwas gêsangnya ||

24. ina papa tôndha tanpa budi | muhung urip sapisan nèng dunya | awwaaywa. angêndhon bodhone | lir kuli pitu likur | tanpa jangkah laku utami | tan darbe isin wirang | mring sêsaminipun | pathokane jangji gêsang |

--- 82 ---

ingaranan bodho cikbèn anggêr urip | yèku tekating nistha ||

25. tanpa gayuh prawiraning budi | amung blubut lothung jangji mangan | ngulandara ngêmpèk-êmpèk | nrima sêga sapincuk | mubêng pasar myang nurut margi | puniku pamanira | dhuh Pangran Kang Agung | badan kawula punika | sampun ngantos dhumawah makatèn Gusti | luwung nuntên pêjaha ||

--- [0] ---

...

--- [0] ---

...